Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1935-12, #410

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1935, #410
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1935-01, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #322.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1935-02, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #496.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1935-03, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #497.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1935-04, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #498.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1935-05, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #499.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1935-06, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #500.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1935-07, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #501.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1935-08, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #502.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1935-09, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #503.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1935-10, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #504.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1935-11, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #505.
12.Narpawandawa, Persatuan, 1935-12, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #506.

Ôngka 12, Dhesèmbêr 1935

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran - Surakarta. 2612 ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO '35. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasradipraja, Kapatihan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Golongan paprentahan praja sarta pangadilan ôngka 437 C/4/I

Turunan

Bab Nyuwun Gêsanging Pranatan Pratigan

Dhawuh dhumatêng pangarsaning pakêmpalan Narpawandawa. Sêrat paturan katitimasan kaping 10 Juni 1935 ôngka 32/492,§ Mirsanana ing organ ôngka 7 kaca 72. sampun kula uningani. Mênggah katrangan ingkang kapratelakakên ing paturan wau, punika manawi namung dipun tingali sagêbyaran, kadosdene sampun lêrês, ananging sarèhning pranatan pratigan wau sagêd anuwuhakên pakèwêd warni-warni, nagari taksih pakèwêd amarêngakên panyuwunanipun pakêmpalan Narpawandawa anggêsangakên pranatan wau, wondene kawontênanipun pakèwêd warni-warni wau kados ta:

--- 136 ---

Ha. Nuwuhakên raos kirang adil tumrap ingkang nyambutakên, amargi sanadyan sambutanipun ewon rupiyah, ingkang nyambutakên badhe amung angsal sêsaur kacicil sapratiganing balônja sanajan balanjanipun amung sakêdhik, sarta manawi sampun kalajêng dipun pratiga, angsalipun sêsaur kêdah ngêntosi pundhatipun ingkang rumiyin.

Na. Nuwuhakên tindak utawi akalan warni-warni.

1. Pratôndha mungêl 99 rupiyah. Nanging sajatosipun namung nampèni arta panyambut 10 rupiyah, amargi manawi dumugining pangadilan katêtêpakên nyaur, inggih namung badhe nyaur nicil saking pratiganing balônja, nyambêti sambutan ingkang sampun kapratiga.

2. Kagigat nyambut damêl barang rêgi atusan utawi ewon rupiyah, narimah rukun kasauran nicil saking sapratiganing balônja, nanging sajatosipun nyambut arta. Manawi sampun karampungan sawêg sagêd nampèni arta panyambut, ingkang botên mèmpêr sangêt kalihan badhe panyauripun, upaminipun: 100 rupiyah dados 1000 rupiyah, 50 rupiyah dados 500 rupiyah, sapiturutipun.

Ca. Nuwuhakên kathahing prakawis, kados kasêbut aksara: Na.

Ra. Damêl kapitunènipun nagari, inggih punika nyambut langkung saking 100 botên mawi idi, cêkap kareka kados aksara: Na ôngka 2.

Ka. Nuntuni karisakaning panggêsanganipun santana tuwin abdi dalêm, amargi sanadyan sampun kathah sambutanipun, taksih ngènthèngakên pados sambutan, ingkang rèntênipun langkung awrat, dening namung nicil sapratiganing balônja sambêt-sumambêt wau. Wêkasan salaminipun gêsang botên sagêd sah sambutanipun.

Da. Tumrap abdi dalêm ingkang kawêngku pangadilanipun kangjêng guprêmèn, punika pangadilanipun kangjêng guprêmèn tamtunipun botên sagêd nindakakên pratigan.

--- 137 ---

Ingkang punika pakêmpalan Narpawandawa supados sumêrêp.

Dhawuh kaping 11 Juli 1935.

Pêpatih dalêm, Kangjêng Pangeran Arya Adipati W.g. Jayanagara.

Bab Sêsêbutan

Ôngka 59/512

Turunan

Sêrat paturanipun pangrèh Narpawandawa, katur wadananing putra santana dalêm têngên saha kiwa.

Kula nuwun, asarêng punika pangrèh Narpawandawa ngaturakên pêthikan waosan (organ) darah Mangkunagaran, ingkang mêdal nalika tanggal kaping 15 Oktobêr 1935 ôngka 5 bab sêsêbutanipun para canggah kadipatèn Mangkunagaran, wiwit sapunika sampun kaparêngakên ngangge sêsêbutan: radèn mas, radèn ajêng, utawi radèn ayu.

Awit saking punika sarèhning canggahipun Kangjêng Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara, punika saminipun warèng dalêm, rêmbagipun parêpatan pangrèh Narpawandawa nalika dintên malêm Salasa kaping 4 Nopèmbêr 1935 runtutipun kalihan ing nginggil wau, sapunika para warèngipun panjênêngan dalêm nata ugi kasuwunakên sêsêbutan, radèn mas, radèn ajêng utawi radèn ayu, mênggah punika salajêngipun katur ing pêpatih dalêm, nyumanggakakên saha nyuwun dhawuh.

Katur tanggal kaping 9 Nopèmbêr 1935.

Pangarsa W.g. Suryaamijaya.

Panitra W.g. Purwasastra.

--- 138 ---

Pêthikan Saking Sêrat Waosan (Organ) Darah Mangkunagaran, Ingkang Mêdal Kala Kaping 15 Oktobêr 1935 Ôngka 5

Pangarsa, sarèhning para warga sami maos sêrat kabar ingkang ngêwrat karampunganing parêpatanipun para nata (zelfbestuur Conferentie) manawi darahing para nata sakawan, sami dumugi grad sakawan mawi sasêbutan radèn mas tuwin radèn ajêng utawi radèn ayu, môngka ngantos dangu botên wontên tumusanipun undhang-undhang kêkancingan ingkang anêtêpakên pawartos wau, sanajan para pangrèh sampun mangêrtos ungêling rantamaning parentah agêng, ananging taksih cinirèn wêwados, pramila têtêp botên purun amêdharakên dhatêng para warga.

Dhawuh dalêm, paring pirsa manawi karampunganing rêmbagipun para sèlêpbêstir, pancèn lêrês kados ingkang kawrat ing sêrat kabar, ananging sarêng konjuk kauningan ingkang wicaksana ingkang sinuhun, dhawuh dalêm, kadhawuhan damêl kumisi rumiyin ingkang angrêmbag sasêbutaning para darah wau, pramila karampunganing para sèlêpbêstir dèrèng sagêd katêtêpakên, têtêpipun sasêbutan wau botên sande badhe kawêdalakên ing sêtatsêblad.

Lajênging dhawuh dalêm, ewadene ing mangke, para santana canggah sampun kalilan ngangge sasêbutan radèn mas, radèn ajêng, utawi radèn ayu, amung ing sêrat -sêrat kêkancingan dèrèng kapacak, manawi wontên ingkang nyêrêg, sampeyan dalêm piyambak ingkang kaparêng badhe anjawab, ananging dèrèng kaparêng paring sêrat undhang pranatan, amargi angêntosi ludhangipun babar pindhah.

Awit saking dhawuh dalêm ingkang makatên, pakêmpalan darah sampun kadugi andamêl piagêm kasêntanan, grat sakawan mawi sasêbutan radèn mas tuwin radèn ajêng utawi radèn ayu.

Jumênêngipun Pêpatih Dalêm

Sawêdalipun sêrat paturan Narpawandawa katitimasan kaping 31 Agustus 1935 ôngka 39/497 (mirsanana organ ôngka 9 kaca 100 bab pêpatih dalêm, rêmbagipun lajêng sumêbar kawrat ing sêrat-sêrat kabar Jawi, Mlayu tuwin Walandi, sadaya punika wosipun sami nglairakên pamanggihipun, ingkang anjog dhatêng panjagi murih widada ing sadayanipun, Tuwan Sèn Graph ugi botên kantun anglairakên pamanggihipun wontên ing sêrat kabar Dhê Lokomotiph, wêdalipun nalika kaping 1 Oktobêr 1935, santunanipun ing basa Jawi kirang langkung kados ing ngandhap punika:

Dèrèng watawis dangu wontên pawartos bilih pakêmpalan Narpawandawa ing Surakarta mêntas saos unjuk dhatêng ingkang sinuhun, suraosipun kados ing ngandhap punika:

I. Pêpatih dalêm punika ing têmbe kêdah amung maligi abdi dalêm, mila balônja ingkang saking kangjêng guprêmèn punika salajêngipun kêdah kasuwak.

--- 139 ---

II. Pêpatih dalêm punika kêdah amung kasumpah wontên ing ngarsa dalêm sahandhap ing sampeyan dalêm, ngiras minôngka sumpahipun dhatêng kangjêng guprêmèn, sabab bilih pêpatih dalêm punika sadèrèngipun kajumênêngakên, aprasêtya piyambak dhatêng kangjêng guprêmèn wontên ing ngajêngipun kangjêng tuwan guprênur ing Surakarta. Punika nyulayani tata ngadat ingkang sampun tumindak dumugi wêkdal punika.

Narpawandawa punika pakêmpalanipun para darah dalêm, ingkang sêdyanipun anjagi kaluhuran sarta wawênang dalêm nata saputra santananipun, Narpawandawa wau tansah mulat sangêt dhatêng sadaya galagating jaman, supados para darah dalêm sampun ngantos kantun kalihan jaman, ingkang têmahanipun badhe kajawèkakên saking modern staatkundige leven mila ing wêkdal punika ing Sala sampun kathah para darah ingkang lulus saking pamulangan luhur sarta sampun utawi badhe ngabdi ing praja Surakarta.

Wawasanipun Narpawandawa punika nyurakartani sangêt (typisch Solosch) inggih punika ngêkahi raos kabangsan ingkang tumindak nalika jaman Mataram, nanging manawi kajumbuhakên kalihan kawontênaning gêsang modern kajawi punika wawasanipun Narpawandawa wau pancèn patitis.

Wondene mênggah suraosing sêrat paturan wau wiyar têbanipun, punika kintên-kintên ingkang sabagean agêng saengga reactie ingkang tuwuh awit saking kirang lêrêsing tindakipun para pangagêng Walandi ingkang rumiyin-rumiyin, ingkang dangu-dangu sami gadhah panganggêp bilih pêpatih dalêm punika sawênèhipun pirantos ingkang namung kenging kapigunakakên dening parentah Walandi, malah tarkadhang kaêmpakakên dhatêng salira dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan utawi kangjêng sultan.

Mênggah lênggahipun pêpatih dalêm punika pancèn cawang (tweeslachtig) liripun, inggih patihing nata, nanging ugi abdinipun kangjêng guprêmèn, miturut prajangjian taun 1743 pêpatih dalêm punika manawi wontên sulayaning rêmbag antawisipun panjênêngan dalêm nata kalihan kangjêng guprêmèn, kêdah angawratakên kangjêng guprêmèn, ingkang makatên wau anjalari guprênur utawi residhèn sami nganggêp abdi dhatêng pêpatih dalêm, pamanggih ingkang klèntu wau botên anèh, amargi para pangagêng Walandi ingkang rumiyin-rumiyin punika sami kirang mangrêtosipun dhatêng kawontênan salêbêtipun praja Kajawèn.

--- 140 ---

Patih kalihan ratu punika kalih-kalihing atunggil, pêpatih dalêm punika dados gadhah têgês lêlajênganipun panjênêngan dalêm nata, mila sinêbut radèn adipati, têgêsipun mangagêngi sadaya abdi dalêm sajawining karaton, sarta ugi sinêbut parentah, ing basa Walandinipun het Gezag.

Dados sampun têrang bilih ratu kalihan patih punika botên sagêd kapisah, upami makatêna patih wau lajêng nama gumantung tanpa canthelan.

Tuwan Bertsch (sapunika dados residhèn, rumiyin nate dados kontrolir sarta asistèn residhèn wontên ing Surakarta) mratelakakên:

Sanadyan salêbêtipun sadasan taunan sapriki daya (invloed) nipun parentah Walandi dhatêng parentah Jawi saya mindhak, cacahipun priyantun Walandi ugi saya kathah, tuwin sêsambêtanipun ingatasipun sadhengah prakawis ugi mindhak, ewasamantên lênggahipun pêpatih dalêm punika taksih lêstari saengga wakilipun ingkang sinuhun ingkang inggil piyambak, saha tumindakipun kanthi sarêmbag kalihan wakilipun kangjêng guprêmèn. Lajêng mawi dipun wêwahi noot ing ngandhap:

Ingkang sinuhun piyambak amung andhawuhakên prakawis ingkang wigatos-wigatos, saha tata ngadatipun namung sak nêtêpakên waton-watoning pranatan, tumrap tumindak salajêngipun kaparingakên dhatêng pêpatih dalêm.

Kados makatên wau lêrês panggambaripun, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan utawi kangjêng sultan dipun upamèkakên lênggah wontên sanginggiling rêdi, pêpatih dalêm ingkang makili tumrap sadaya prakawis limrah, amung kala-kala manawi wontên kadadosan ingkang wigatos ingkang sinuhun mandhap saking palênggahan dalêm ing sanginggilipun rêdi wau ... Punika tatanan sae sayêktos saha wajib dipun tiru dening sadaya amtênar Walandi, priyantun ingkang agêng piyambak punika botên pantês manawi lajêng ngambah wontên salêbêting jagad pasulayan utawi ngraosakên sadhengah prakawis.

Tatanan wau asring dipun tampi klèntu, kêrêp kemawon pêpatih punika dipun madamêlakên ingkang botên prayogi dhatêng ratunipun kalihan parentah Walandi, tarkadhang patih wau dipun lastarèkakên sanadyan botên dados kaparêng dalêm, malah sampun nate wontên kadadosan nalika Kangjêng Tuwan Guprênur Jendral Otto van Rees rawuh

--- 141 ---

dhatêng ing Surakarta (kaping 9 Juli 1887) anjumênêngakên patih ingkang bupati ing Klathèn wontên ing sêtatsiyun Cèpèr, punika babarpisan botên andadosakên rênaning panggalih dalêm, mila patih wau anggènipun jumênêng inggih namung kalih taun dangunipun, amargi patih wau Rijksbestuurder Gouvernements ambtenaar sanès pêpatihipun sang nata.

Lêlampahan ing nginggil punika parlu kaemutakên malih, awit wontên ingkang gadhah pamanggih bilih pêpatih dalêm punika ing têmbe prayoginipun kadadosakên priyantunipun kangjêng guprêmèn kemawon.

Kadospundi malih kalèntuning panganggêp dhatêng lênggahipun pêpatih dalêm punika kabuktèn dening kawontênan ing ngandhap punika:

Guprênur ing Ngayogya dhawuh dhatêng juru basa andamêl pratelan bab lênggah sarta kacakêpanipun pêpatih dalêm.

Wondene mênggah paturanipun Narpawandawa wau pêpiridanipun makatên: lêrês manawi pêpatih dalêm punika prasasat sarira dalêm ingkang sinuhun piyambak, sanajan ing prajanjian wontên bab ingkang nyêbutakên sanès, sarta malih tatanan ing wêkdal samangke punika onlogisch nanging ngèngêtana manawi prakawis punika wigatos sayêktos, dados manawi botên pancèn botên parlu sangêt prayogi sampun dipun ewahi, amargi tatanan wau sampun kalih atus taun wontênipun.

Ing wasana ingkang langkung parlu punika sanès pranatan ingkang cumithak wontên ing dalancang, nanging malah patrap panindakipun, tamtunipun ing antawisipun wakiling kangjêng guprêmèn wau wontên sawatawis ingkang kirang sasêrêpanipun dhatêng bab ing nginggil wau, ewasamantên langkung prayogi amung patrap panindakipun ingkang parlu kajagi, katimbang ngrembak tatanan ingkang sanajan nyalênèh nanging sampun angoyod wontên ing jagad Kajawèn ngriki ngantos kalih atus taun.

Kajawi punika ugi wontên parlunipun manawi kangjêng guprêmèn punika kagungan gêgayutan kalihan pêpatih dalêm, amargi wontên kalamasanipun pêpatih dalêm punika tumindak ingkang lôngka kalampahanipun manawi amung maligi ngêndêlakên pêpatihipun sang nata. Botên têbih-têbih mriksanana kawontênan ing Ngayogya, [Ngayo...]

--- 142 ---

[...gya,] sapintên agênging lêlabêtanipun pêpatih dalêm ingkang rumiyin dhatêng kangjêng guprêmèn, dene sagêd ngebahakên panggalih dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan VII supados karsa sèlèh kaprabon kangge parlunipun Pangeran Adipati Anom.

Dados kangjêng guprêmèn punika inggih parlu sangêt kagungan gêgandhengan ingkang gumathok kalihan para parentah Jawi, amung sêsambêtanipun wau kapigunakna ingkang asipat lêrês.

Makatên pamanggihipun Tuwan H.C. Zentgraaff tumrap dhatêng paturanipun Narpawandawa, amung kemawon, pulitik ingkang sampun kalih jaman makatên punapa botên nama sampun kêlalu môngsa sangêt, yèn ta botên lajêng dipun ewahi manut larasaning jamanipun, sabab pulitik ingkang sampun botên laras kalihan jamanipun punika sagêd damêl pêtêng sarta kapitunaning kawontênan. Kajawi punika sarèhning jumênêng dalêm nata wau sampun kacancang ing prajangjian, dados manawi pêpatihipun taksih dipun cancang malih, punapa botên nama cancangan rangkêp. Wasana bokmanawi wontên kalenta-kalèntunipun anggèning nyantuni ing basa Jawi, pamanggihipun Tuwan Sèn Graph wau, mugi sami kaparênga angêgungakên pangaksama.

[Iklan]

--- 143 ---

Sêrat Wêwaton Tatakrami Têmbung Kadhaton

Sambêtipun organ Narpa ôngka 11.

Kala samantên anggènipun lajêng dipun jagèni prajurit miwah pitayaning patih wau, nalika taksih nama gapura panunggul, dumadakan ingkang rumêksa ngriku dipun pêjahi danawa raja Prabu Niwatakawaca, jêjuluk Prabu Srimanganti, katujunipun katungka dhatêngipun Arya Dananjaya, inggih punika ingkang nyirnakakên Prabu Srimanganti wau, mila kori panunggul lajêng karan ing srimanganti, dene Arya Dananjaya lajêng ginanjar dados kônca mandhung, pasowanipun anjagèni mêngsah, dumunung ing kori parasdya, mila karan ing kori pamandhungan, lami-lami katarimah pamagangipun lajêng ngratoni para widhadari,widadari. pinaringan nama Prabu Karithi, dene jawata ingkang pinatèn Prabu Srimanganti wau, lajêng kaêlih wontên ing kori selamatangkêp, kawajibanipun anggapit têtiyang ingkang gadhah lampah salah, mila katêlah nama kori gapit, dene anggènipun nama kori brajanala punika, ingkang namakakên Prabu Manikmaya, inggih Sang Hyang Manikmaya.

Mênggah kawontênanipun ing kidul mawi têtimbangan sarta namanipun ing kori nunggil, amung kaangge sisihan kemawon, utawi kadamêl panggenanipun para pamagangan jawata, mila kapatuh sapriki sakiduling kori srimanganti kidul wau mawi tinata wisma agêng, awit minôngka pasowananipun para magang dewa, tuwin pamuksaning para pandhita rêsi ingkang katarimah lajêng kaanjingakên bêbarakaning dewa-dewa bala. Wondene anggènipun ing kori kidul mawi dipun wêwahi satunggal dumunung sakiduling kori pamandhungan, amung wimbuhan kala jaman panjênêngan dalêm ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma kemawon, panêngêran nalika pêjahipun Adipati Kênitèn, angamuk wontên ing ngriku kacêpêngipun, sarta lajêng kabubuhakên dhatêng kônca gadhing Mataram, inggih punika sakawitipun nama ing kori Kênitèn, pangagênging abdi dalêm gadhing Mataram ingkang rumêksa ngriku, nama Tumênggung Rajaniti, inggih punika rare nama pun Bêja, ingkang kacariyos katarimah saking anyaratèni kagungan dalêm dipôngga, inggih punika sakawitipun abdi dalêm sarati sami rinilan angangge wêwaton tatakrami têmbung kadhaton, dene sakawitipun abdi dalêm prikônca niyaga, miwah juru panuksma, kenging angangge têmbung kadhaton [kadha...]

--- 144 ---

[...ton] wau kala jaman nagari ing Pajang, sêsarênganipun ing nalika abdi dalêm gamêl katarimah pasuwitanipun dhatêng Kangjêng Sultan Pajang, lajêng rinilan angangge têmbung kadhaton sakancanipun, dene abdi dalêm anggandhèk punika sampun nalika miyosipun Sang Hyang Guru kalihan Sang Hyang Maya, wontên samadyaning wana, mila dipun ancêr-ancêri waringin sakêmbaran, winastan Dewadaru Janadaru, têgêsipun panggêsanganing para jata, tuwin panggêsanganing manungsa, jalaran ing kina kacariyos lairipun Sang Hyang Guru wau gumalundhung ing jurang sigrong. Kaêntasakên dening Gardaba, inggih punika ratuning sima, mila kaakên sumitra dalêm, dene Sang Hyang Maya katulungan dening kuda, mila têmbung kadhaton amastani turôngga punika kêdah sinêbut kuda. Mênggah ingkang kacariyosakên ing nginggil punika wau sadaya, amung minôngka pangèngêt-èngêt ingkang dados anggêr-anggêranipun para abdi dalêm agêng alit ingkang sami taksih rinilan angangge tatakrami têmbung kadhaton, utawi sacara-caranipun ing kawadanan sapanêkaripun piyambak-piyambak, awit supados sami angawuninganana wêwatoning pitêmbungan, tuwin anyumêrêpana patrapipun satunggal-tunggal, manawi nuju wontên ing ngarsa dalêm, makatên malih sanadyan amung dumunung padataning karaton ing tanah Jawi, manawi dèrèng uninga satataning apatrap sayêkti kirang têrang ing cara- caranipun, manawi kala samantên inggih sadhengah abdi dalêm sami rinilan pagunêman têmbung kadhaton, ing mangke amung kapêthatan kemawon.

Mênggah patrapipun para abdi dalêm ingkang taksih sami rinilan angangge tatakrami têmbung kadhaton wau dalah tanduking sacara kagêlarakên kados ing ngandhap punika.

1. Ingkang rumiyin, wêwatonipun para abdi dalêm wadana gamêl, sapanêkaripun, anggêr-anggêraning sumiwi kados makatên.

Upami anampèni wiyosing dhawuh pangandika dalêm, angajêngakên kuda titihan dalêm, panampining dhawuh mawi nolih dhatêng para kancanipun sadaya, sarta uluk-uluk makatên: prikônca dhawuh dalêm, sauripun timbun, têgêsipun sumaur rangkêp tiga sadaya, nêdha kônca ênggèh, nêdha, nêdha, nêdha. Nuwun, nuwun, nuwun sêndika. Taksih wontên sambêtipun.

--- [145] ---

Pratelan Kawontênanipun Dintên Sae, Wiwit Tanggal Sapisan Januari Dumugi Pungkasaning Wulan Marêt 1936

I. Ing salêbêtipun wulan Sawal, wontên satunggal tur puwungan:

Tanggal kaping 12 utawi kaping 7 Januari, Salasa Lêgi, Landêp, Hyang Endra, tulus, paningron, wasesa sagara, lakuning gêni, kalang kinantang, sangat wiwit jam 6 enjing, dumugi jam 8.24 Jabrail rijêki, utawi wiwit jam 3.36 siyang, dumugi sadalu pisan, Ahmat slamêt.

II. Ing salêbêtipun wulan Dulkangidah, suwung Anggara Kasihipun.

III. Ing salêbêtipun wulan Bêsar, wontên:

Tanggal kaping 18 utawi kaping 12 Marêt, Kêmis Lêgi, galungan, Dèwi Sri, wurukung, dadi, satriya wibawa, lakuning lintang, sanggar waringin, sangat wiwit jam 8.24 enjing, dumugi jam 10.48 Yusup rijêki.

Tanggal kaping 19 utawi kaping 13 Marêt, Jumungah Paing, galungan, Hyang Endra, dangu, paningron, tunggak sêmi, lakuning surya, mantri sinaroja, sangat wiwit jam 10.48 siyang, dumugi jam 1.12 Ahmat rijêki.

Tanggal kaping 24 utawi kaping 18 Marêt, Rêbo Paing, kuningan, Hyang Kala, wurukung, wogan, wasesa sagara, lakuning banyu, sanggar waringin, sangat wiwit jam 10.48 siyang dumugi jam 1.12 Ahmat rijêki.

IV. Ing salêbêtipun wulan Sura Alip 1867 wontên:

Tanggal kaping 7 utawi kaping 30 Marêt, Sênèn Wage, môndhasiya, Hyang Guru, wurukung, dadi, wasesa sagara, lakuning gêni, sanggar waringin, sangat wiwit jam 6 enjing dumugi jam 8.24 Jabrail rijêki, utawi wiwit jam 3.36 dumugi sadalu pisan, Ahmat slamêt.

Isinipun Organ Punika:

1 Turunan dhawuh nagari bab pratigan ... 135 / 2. Turunan paturan ôngka 59/512 bab sêsêbutan warèng dalêm ... 137 / 3. Jumênêngipun pêpatih dalêm ... 138 / 4. Sêrat tatakrami basa kadhaton ... 143 / 5. Pratelan dintên sae / 6. Pananggalan / 7. Nitik Sultan Agungan.

--- [146] ---

Januari 1936

[Grafik]