Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1936-02, #409

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1936, #409
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1936-01, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #321.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1936-02, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #507.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1936-03, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #508.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1936-04, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #509.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1936-05, #409 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #510.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1936-06, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #511.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1936-07, #409 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #512.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1936-08, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #513.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1936-11, #409 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #514.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1936-12, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #515.

Ôngka 2, Pèbruari 1936

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran - Surakarta. 203 ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO '36. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasradipraja, Kapatihan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Pralenan Narpawandawa

Nuwun, kados ingkang kasêbut wara-waranipun pangrèh katitimangsan kaping 6 Januari 1936 bab pralenan Narpawandawa, sampun kalampahan karêmbag wontên parêpatan agêng taunan, nalika dintên Sênèn sontên kaping 13 wulan kapêngkêr punika, wosipun kemawon, sarèhning para panitya pralenan narpawandawa sami asrah bongkokan, botên kadugi nglajêngakên nindakakên pandamêlanipun, sabab kajawi cacahing warganipun pralenan wau saya suda, ugi kathah ingkang sami walêd pambayaripun pasumbang. Ngantos artanipun kasantun f 19,22 putusanipun parêpatan kasêbut nginggil: ing sapunika pralenan wau kakèndêlakên rumiyin (botên tumindak) prêlu katata malih kadospundi prayoginipun, dene ingkang kapatah dados panitya 1. R.M.H. Natadilaga minôngka pangarsa, 2. R.T. Tôndhawadana, 3. R.M.Ng. Puspapranata, [Puspa...]

--- 14 ---

[...pranata,] 4. R.M. Cakrapangarsa, 5. R.M. Sudarya Cakrasiswara. Ing têmbe bilih sampun rampung panatanipun, badhe sami dipun aturi uninga.

Kasêrat kaping 1 Pèbruari 1936.

Pangrèh.

Bab Nyuwun Kamar Ingkang Mligi Kangge Para Luhur

Ôngka 54/508.

Turunan

Sêrat paturanipun pangrèh Narpawandawa, katur pangagênging parentah karaton.

Kula nuwun, nalika parêpatan pangrèh dintên malêm Rêbo kaping 22 Oktobêr 1935, angrêmbag kawontênanipun kagungan dalêm pantiroga ing Kadipala, saya dangu saya katingal agênging pigunanipun tumrap para putra, santana, sarta abdi dalêm, lumèbèripun dhatêng para kawula dalêm agêng alit sadaya, ingkang sami kataman sêsakit ingkang kêdah kaupakara wontên ing kagungan dalêm pantiroga wau. Namung wontên pakèwêdipun sakêdhik, inggih punika manawi nuju wontên para luhur ingkang kêdah kaupakara manggèn wontên ing ngriku, kabêkta saking kamaripun taksih bêbanjêngan kalihan kamaripun têtiyang sakit sanèsipun, môngka miturut adat kalimrahanipun para luhur punika kathah sangêt pirantosipun ingkang kabêkta sangu wontên ing pantiroga wau, tuwin abdi santananipun ingkang nênggani, punapa malih ingkang sami têtuwi inggih botên sakêdhik, dados samasa ing pantiroga ngriku nuju wontên prêlu, kados ta upaminipun: tiyang sakit sangêt, utawi tilar donya, katingal sangêt èwêd-pakèwêdipun ingkang sami tumandang ing damêl.

Awit saking punika pamanggihipun parêpatan pangrèh Narpawandawa, mugi wontêna kaparêngipun pangagênging parentah karaton, angyasani panggenan piyambak, mligi amung kangge para putra tuwin mantu dalêm, utawi para luhur sanèsipun, ingkang supados sagêd nyuda èwêd- pakèwêding akathah, kados ingkang kasêbut nginggil wau, [w...]

--- 15 ---

[...au,] mênggah punika pantês utawi botênipun konjuk ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, pangrèh Narpawandawa nyumanggakakên saha nyuwun dhawuh.

Katur kaping 31 Oktobêr 1935.

Panitra, W.g. Purwasastra. Pangarsa, W.g. Suryaamijaya

Ôngka 2054 Ha IV/Pa 6

Bab Tambahan Griya ing Pantiroga

Turunan

Sêratipun pangagênging parentah karaton, katur pangrèhing pakêmpalan Narpawandawa.

Kula sampun anampèni sêrat katitimasan kaping 31 Oktobêr 1935 ôngka 54/508, punapa suraosipun sampun kula sumêrêpi. Mênggah bab panyuwunipun Narpawandawa, supados ing karaton angyasani griya wontên kagungan dalêm pantiroga, ingkang mligi amung kangge para putra tuwin mantu dalêm utawi para luhur sanèsipun kados kasêbut sêrat wau, kathahing wragad watawis 3500 tigang èwu gangsal atus rupiyah, kula ugi nayogyani sangêt, anamung sarèhning saking aturipun pangagêng Panti Wardaya kawrat sêrat katitimasan kaping 3 Dhesèmbêr 1935 ôngka 120 Ca I/3, miturut kawontênaning pêpetanganipun kagungan dalêm arta ing taun 1936, botên sagêd nyudhiyani wragad kasêbut nginggil, dados ing karaton inggih botên sagêd amituruti suwunan wau. Nanging kaangkah sagêda kalampahan benjing sanès-sanèsipun taun malih.

Bale Krêtarta kaping 18 Dhesèmbêr 1935.

Pangagênging parentah karaton. W.g. Kusumayuda.

Garapan Ha IV. W.g. Kartasudarsa.

Aturipun Dèwi Drupadi Dhatêng Dèwi Sêtyaboma

Sambêtipun organ ôngka 1

Manawi ngangge namung sapantêsipun, utawi nêtêpi ingkang sampun kadhawuhakên.

--- 16 ---

Sagung kawajiban kula, dhatêng kadang warga, ingkang sampun kadhawuhakên dening para sêpuh kula, saha dêdana tuwin sêsaji dhatêng para dewa, sarta para pitri, utawi rêratêng kangge sêsaji, tuwin sêgah tamu, kuwajiban angaji-aji dhatêng ingkang pantês kaaji-aji, utawi kawajiban sanès-sanèsipun, ingkang kula sampun mangrêtos, sadaya têmtu kula têtêpi, nadyan siyang punapa dalu, botên wontên ingkang kula lirwakakên. Sasampunipun rampung anggèn kula nêtêpi dhawuh kanthi susilaning patrap, kula lajêng ngladosi laki kula kalihan alusing tanduk, wontên panganggêp kula, guru laki kula kadi sawêr mandi ingkang nêsu, dados sangêt mutawatosi, pramila kêdah tansah ngatos-atos. Pangintên kula lampah ingkang kula aturakên sadaya wau, têtêping kautamènipun pawèstri dhatêng priyanipun. Tiyang jalêr punika guruning semahipun, inggih pangayoman sajati tumrap semahipun, dados botên wontên pangayoman ingkang agêngipun kados priyanipun. Awit saking punika mila sampun ngantos wontên pawèstri ngangkah karisakaning laki. Salêbêting tilêm, nêdha, punapa dandan, kula botên nate nêrak wêwalêring laki, kula tansah winulang dening marasêpuh kula, mila kula botên nate ngraosi marasêpuh kula. Laki kula sangêt ngêmong dhatêng kula, awit anggèn kula ngladosi kanthi susila, saha botên nate ngèthèr, kula piyambak ingkang nata dhaharipun sabên dintên nyawisi pangunjukan, tuwin pangagêmanipun marasêpuh kula, ingkang pantês ingaji- aji, saha sih trêsna dhatêng sadaya titah punika, kula botên nate nêdha tuwin ngangge ngungkuli marasêpuh kula, punapadene kula botên nate nyana-nyana awon dhatêng Dèwi Kunthi, ingkang momot ing panggalihipun kadi bumi.

Dumugi samantên aturipun Dèwi Drupadi dhatêng Dèwi Satyaboma, dados mênggahing guna dhêsthinipun pawèstri dhatêng kakungipun punika botên prêlu mawi guna sarana tuwin japamôntra sasaminipun, nanging cêkap namung saking susilaning patrap, anoraga, bakti, tuwin sapanunggilanipun, kados ingkang sampun kacariyos ing nginggil. Amargi wanita ingkang suci ing budi, punika tamtu inganggêp musthika dening priyanipun, sarta dipun aji-aji ing ngakathah. Wanita ingkang limpat panggraitanipun, tamtu inganggêp sêsotya sarta dipun eringi dening priyanipun. Wanita ingkang sabar ing manah tuwin sarèh ing tindak, tamtu kaanggêp kusuma saha kinasihan ing priyanipun. [pri...]

--- 17 ---

[...yanipun.] Wanita ingkang anoraga ing patrap sarta ambêg lêgawa, tamtu inganggêp kumala tuwin dipun trêsnani dening priyanipun. Dene sagêdipun kalêksanan sadaya punika, prêlu dipun prasudi: 1. alusing budi, 2. limpat ing panggraitanipun, 3. sumêrêp wêwaton kasusilaning wanita, 4. cakêp cukuping mêngku bale wisma, 5. wasis sarta têgên ing damêl, saha mulasara sêsakit, 6. sugih gunakaryaning wanita, 7. putus tanggap tangkêping sêsrawungan, botên nilar dêdugi. Awit wanita ingkang botên sumêrêp ing kasusilan punika badhe cacad agêng, sabab dening kasusilan makatên tuking tatakrami, ingkang ambabarakên alusing pangraos saha têpa tuladha, amila botên prayogi sangêt bilih wanita kêrêp kesah nilar bale wismanipun, kajawi ingkang pancèn dados panggêsanganipun, botên prayogi sangêt manawi wanita rêmên sônja anôngga (dhatêng tôngga) punika nelakakên yèn botên tabêri ing damêl, botên prayogi sangêt wanita neneman kesah piyambakan, utawi sanadyan kanthi priya, nanging sanès ingkang majibi. Botên prayogi sangêt wanita taksih nèm lênggahan piyambakan lan priya ingkang sanès masthinipun, nadyan siyang utawi dalu, punapa malih wontên ing papan tutupan. Ing mangke badhe gêntos nyariyosakên botên antêpipun satunggiling wanita semahing sudagar ing nagari Basorah, sanadyan warninipun sakalangkung endah, nanging kabêkta saking agênging kamelikanipun, ngantos kadugi nyelaki dhatêng semahipun ingkang sajati, dene dêdongenganipun ingkang kawrat Pusaka Jawi taun X kados ing ngandhap punika:

Kacariyos ing nagari Basorah wontên sudagar neneman sugih. Semahipun sakalangkung endah warninipun, tanpa timbang ing salêbêting nagari ngriku. Pawèstri wau tiyang sêpuhipun inggih sudagar sugih. Sudagar neneman punika sakalangkung sih trêsnanipun dhatêng semahipun, dèrèng ngantos lami anggènipun sami pêpasihan, dilalah, saking kodrat, iradatipun Pangeran Ingkang Murbèng Tuwuh, pawèstri wau tilar donya, ingkang jalêr sangêt anggènipun karungrungan. Layoning semahipun tansah dipun pangku, dipun liling-liling, botên suka dipun kubur. Makatên wau ngantos sawatawis dintên laminipun. Pun layon dilalahipun inggih botên risak. Sanak sadhèrèkipun sami mituturi murih sagêdipun lilih, pamanipun [pamani...]

--- 18 ---

[...pun] wicantên makatên: kêpriye, ta, tèn§ Tèn, cêkakanipun têmbung: ngantèn. karêpmu iku, layone bojomu kok ora awèh dikubur, kuwi rak kasêlak rusak, karo manèh rak iya ora pantês, ta, kowe tansah sêsandhingan karo jisim wae. Wong urip iku momorane rak ya wong urip, sarta nganggo carane wong urip. Kowe kok ora mangan, ora ngombe, ora turu, mêngkono kuwi rak dudu carane wong urip. Wong bojomu wis mati, dipundhut marang sing kagungan, kowe kudu mupus. Layone dibêciki, ditunggalake karo sing wis padha tinggal donya.

Sudagar wau mangsuli sarwi nangis: o, paman, kula botên sagêd pisah kalihan semah kula, satilaripun semah kula punika, pangraos kula jagad punika sêpên amamring, paningal kula pêtêng, botên wontên trontong-trontongipun, punapa ta ingkang kula êntosi wontên ing donya. Waunipun, nalika semah kula taksih gêsang, manawi semah kula anglêrêsi kêkesahan, kenging kula êntosi dhatêngipun, sadhatêngipun ing griya kenging kula criyosi kawontênan utawi lêlampahan ing sadangunipun kula katilar punika, manah kula lajêng karaos lêga, manawi kula badhe nindakakên padamêlan ingkang ragi makèwêd, kula sagêd rêrêmbagan kalihan semah kula, manawi kula sayah mantuk saking padamêlan, dipun papagakên semah kula, ulatipun sumèh, manah kula kraos asrêp, sayah kula prasasat larut sadaya, kula lajêng sagêd rêrêmbagan kalihan semah kula, sadaya pakèwêd, dipun rêmbag tiyang kêkalih. Ing sapunika, kiwa têngên, ngajêng wingking, punika wontênipun namung angin kemawon. Katingalipun kados sagantên tanpa têpi. Ginêm kula botên wontên ingkang nampèni, raosipun sêpên sangêt, ngungkuli wontên ing satêngahing sagantên wêdhi ingkang ngênthak-ênthak, botên wontên pantoging pangajêng-ajêng kula. Ingkang punika panêdha kula dhatêng sanak sadhèrèk, kula dipun pêtaka gêsang-gêsangan kemawon nunggil kalihan layoning semah kula, dados saluwang.

Pamanipun amangsuli: mangkono iku rak dudu padon arane, kok lumraha, wong uwong urip kok dikon mêndhêm, kathik amor dadi saluwang karo mayit, [mayi...]

--- 19 ---

[...t,] kêjaba ora lumrah, iya ora diparêngake marang pranataning agama. Wong mati kudu ditindakake miturut pranatan tumrap wong mati. Wong urip kudu nganggo carane wong urip, cêkake panjalukmu mangkono iku ora bakal tumindak.

Sudagar wau mangsuli malih: manawi sanak sadhèrèk botên sagêd minangkani panêdha kula punika, kula gadhah panêdha sanès ingkang kintên-kintên sagêd tumindak, makatên. Layoning semah kula dipun sèlèha wontên ing baita, badhe kula tênggani piyambak, baita kajêngipun kentir ing sapurug-purug, dados kula taksih kêmpal kemawon kalihan semah kula, kajêngipun kula pêjah wontên satêngahing sagantên, kêmpal kalihan layoning semah kula.

Panêdha makatên wau lajêng dipun rêmbag dhatêng para ahli, pêpuntoning rêmbag, panêdhanipun sudagar wau dipun turuti. Layoning semahipun sudagar neneman wau kausung dhatêng baita, baita lajêng kentir katut lampahing angin tuwin arus, dangu-dangu dumugi ing satêngahing sagantên. Sudagar neneman wau botên maèlu dhatêng gumulunging alun sarta kocak-kocaking sagantên. Botên nêdha, botên ngombe, botên tilêm, manahipun sakalangkung prihatos, ingkang dipun pêpuja namung semahipun kemawon, sihipun dhatêng ingkang èstri prasasat tanpa wangênan.

Sudagar neneman wau tansah ngêsah sarta nangisi ingkang èstri, sambatipun makatên: nimas, geneya ta, kowe kok mênêng bae, sapanên, ta, aku. Yèn pancèn kowe sida marak ing ngarsane Kang Maha Kawasa, aku êntènana ana ing kubur pangarib-arib, ora kêlar aku pisah suwe-suwe karo kowe, dêlêngên ta kaananku saiki ênggonku nglabuhi awakmu, bapa biyung, sanak sadulurku tak tinggal, bôndha donya tak culake, kagawa saka trêsnaku mênyang kowe, dilalah karsaning Allah, sudagar wau lajêng mirêng swara saking tawang, namung botên katingal ingkang gadhah swara, makatên ungêling swara:

He, anak Adam, manira kautus marang Hyang Kang Maha Wasesa, Hyang Maha Wasesa wus anguningani marang gunging sih katrêsnanira marang bojonira kang marak ing pangayunane Hyang Maha Wasesa, saking bangêting prihatinira, Hyang Maha Wasesa, andhawuhake timbalan kanugrahan marang sira, diparêngake sira duwe panuwun, bakal kalêksanan. Yèn pancèn bangêt panuwunira murih baline bojonira mênyang

--- 20 - --

ngalam donya, iya diparêngake, ananging uripe iku kudu nganggo umurira, mungguh umurira iku saiki isih patang puluh taun, yèn sing saparo sira wènèhake marang bojonira, dadi umurira mung kari rongpuluh taun.

Tiyang neneman wau sangêt anggènipun niling-nilingakên swara wau, satêlasing swara lajêng ngaturi wangsulan makatên: o, pukulun, sakalangkung panuwun kula bab rumêntahing sih wilasanipun Hyang Wisesa dhatêng badan kawula, kawula pundhi-pundhi ing êmbun-êmbunan, kawula pancèn trêsna sangêt dhatêng semah kawula, pramila umur kawula ingkang sapalih kawula sukakakên dhatêng semah kawula, sok ugi semah kawula sagêd gêsang kados wingi uni.

Satêlasing aturipun tiyang neneman, pawèstri ingkang sampun dados layon wau lajêng katawis mindhak sêgêr badanipun, kêkêtêgipun katingal andharêdhêt wontên ing dhadha. Cahyanipun mantun pucêt, dangu- dangu lajêng krugêt-krugêt, mripatipun tumuntên mêlèk, tiyang neneman wau bingahipun botên kenging winiraos, angungkuli manggih kancana sarêdi agêngipun, semahipun lajêng dipun pitulungi, dipun tangèkakên. Sanajan badanipun katingal sêgêr, anamung kêkiyatanipun prasasat botên wontên, lajêng dipun upadosakên toya, kangge ngraupi sarta ngombèni. Sasampunipun kambêtan toya, katawis manawi mindhak kêkiyatanipun. Ingkang jalêr sangsaya mindhak bingahipun. Badhe pitakèn dhatêng ingkang èstri bab kawontênanipun ing salabêtipun pêjah utawi salêbêtipun botên èngêt punika, dipun sarèhakên, ngêntosi manawi ingkang èstri sampun pulih sayêktos kêkiyatanipun.

Wondene baitanipun taksih lastantun kentir, katut lampahing angin, dangu-dangu katanggrok ing pulo suwung. Wontên ing ngriku tiyang kêkalih wau sami minggah ing dharatan, malêbêt ing salêbêting wana, badhe ngupados woh-wohan ingkang kenging katêdha.

Ing salabêting sami malampah, ingkang jalêr nyariyosakên lêlampahanipun piyambak, sarta nyariyosakên raosing manahipun ing salêbêtipun semahipun pêjah wau, sarampunging cariyos, karaos arip, lajêng nêmbung badhe tilêm, amargi sampun pintên-pintên dintên botên tilêm, ingkang èstri inggih mrayogèkakên, [mra...]

--- 21 ---

[...yogèkakên,] tiyang neneman wau lajêng mapan tilêm, sirahipun dipun tumpangakên ing pangkoning semahipun, angkahipun, manawi sampun tangi, badhe nêdha dipun cariyosi bab raos-pangraosing semahipun ing sadangunipun pêjah punika. Botên dangu tiyang neneman wau lajêng tilêm kapatos.

Gêntos kacariyos, ing salêbêting sudagar neneman wau tilêm, wontên baita kapal kèndêl ing pasisiring pulo ingkang dipun ênggèni sudagar dalah ingkang èstri wau, prêlunipun badhe mêndhêt toya, nangkodaning kapal tumut mandhap, badhe ningal-ningali kawontênaning pulo wau, panganggenipun sarwa gumêbyar, pawakanipun dhegus kados satriya ing Buwanakêling. Ratuning bôngsa Sindu inggih Sang Sinduraja. Dèrèng ngantos têbih anggènipun lumampah ing pulo wau, wasana dumugi ing panggenanipun pawèstri, ingkang mangku sirahing semahipun ingkang tilêm wau. Sang nangkoda sumlêngêrên sumêrêp endahing pawèstri wau, pangraosipun kados aningali widadari kamanungsan. Têmah kasmaran, lajêng thukul manahipun ingkang botên sae, pawèstri dipun cêlaki, sarta dipun pitakèni: kaparênga kula anilakrami, sintên sampeyan punika, dene wontên ing salêbêting pulo suwung ijèn makatên, punapa janma manungsa, punapa jin, punapa prayangan, punapa pêri: kalihan malih sintên ingkang tilêm, sirahipun dipun tumpangakên ing pangkon sampeyan punika. Taksih wontên sambêtipun.

Putri Narpawandawa (P.N.W.)

I

Nalika dintên Akat sontên tanggal kaping 19 Januari 1936 punika, P.N.W. damêl parêpatan taunan wontên ing dalêm Wuryaningratan, para warga ingkang rawuh watawis 160, tamu kakung ingkang andhèrèk ngêtêrakên garwa semahipun watawis 50, miturut ulêm jam 7 sontên sadaya warga sami kasuwun rawuh, sarêng jam ½ 8 pangarsa mêdhar sabda angsung pambagyarja rawuhipun para warga sarta para kakung ingkang sami kaparêng nênggani parêpatan dalu punika, sadèrèngipun parêpatan dipun wiwiti pangarsa ngandharakên isi badhe tumindakipun P.N.W. wêkdal ingkang dipun idaki punika, kenging kaperang dados 3 bagean.

--- 22 ---

1. Mirantosi amung sacêkapipun kabêtahan kaparluan griya, tumrap para warga bilih gadhah damêl, kados ta: têtakan, mantu, sapanunggilanipun. 2. Ngrekadaya têtêping kawajibanipun putri. 3. Anjagi kadospundi para Putri Wandawaning nata sagêdipun aji.

Ing salêbêtipun tigang taun tuju tigang bab kasêbut nginggil wau, ingkang sagêd kalêksanan, sawêg satunggal, inggih punika bab mirantosi kaparluanipun para warga bilih gadhah damêl, kabêtahan griya nama sampun rampung, têrangipun ing mangke badhe kapratelakakên wingking, lêlajênganipun badhe miwiti tujuanipun ingkang ôngka 2 utawi 3, nanging sarèhning botên gampil, dados anggènipun nindakakên badhe kalayan ngatos-atos, ingkang tundonipun sampun ngantos mindho damêl.

Miturut palapuranipun artaka, arta ingkang katitipakên ing bang wontên f 300,- lêbêt wêdalipun arta ing taun 1935 wontên f 302,61½, mêdalipun f 303,71½, dados nyorok f 1,10. Dening ambayar tumbasan kursi sarta bêkakas. Dene pratelan gadhahanipun bêkakas P.N.W.

Piring jêgo,jêgong. cèpèr, sendhok, porok, gêlas satutupipun ... a 300 | Tatakan ... 100 | Gêlas alus mawi tutup ... 12 | Wadhah ès ... 6 | Jimbêng ... 3 | Tepak ... 36 | Kursi ... 100§ Kaangkah badhe dipun jangkêpi dados 200. | Kênap ... 20 | Lampit sukêt ... 6. | Bêkakas ucal-ucal jangkêp.

Mênggah cacahing warga dumugi parêpatan taunan dalu punika, saking palapuranipun panitra, warga limrah wontên 274, warga mandrawa 6, gunggung 280.

Bab kawontênanipun pralenan, layadanipun para warga manawi wontên warga tilar [ti...]

--- 23 ---

[...lar] donya utawi kasripahan, katingal nyênêngakên, gadhahanipun pirantos nyirami jangkêp, kasipun wontên f. 110,63½.

Satêlasipun maos palapuran kasêbut nginggil, lajêng pilihan pangrèh, nanging sadèrèngipun pilihan, panitra II amêdhar sabda minôngka ular-ular tuwin pambengkasing swara-swara ingkang tumanduk dhatêng pangrèh P.N.W. ingkang botên lêrês, wosipun kemawon kados ing ngandhap punika.

1. Pangrèh kadakwa ngrêmbag bab wayuh, punika botên nyata alias goroh, malah pangrèh ngèngêtakên sampun ngantos ngrêmbag wayuh wau wontên salêbêting parêpatan, sabab punika bêtahipun pêrsun piyambak- piyambak.

2. P.N.W. kadakwa botên purun nampèni warga para ampil priyantun putra santana dalêm, ugi botên nyata, inggih lêrês wontên tatananipun pakêmpalan, tumrap ampil priyantunipun putra santana dalêm punika bilih badhe dados warga P.N.W. kêdah têrang kakungipun, sagêdipun katampèn manawi pangrèh manah botên wontên èwêd- pakèwêdipun, dene pasêksènipun sampun kathah para ampil priyantunipun putra santana dalêm ingkang dados warga P.N.W.

3. Pangrèh kadakwa angsal balônja, saha

4. Kadakwa rêmên lêstari dados pangrèh. Taksih wontên sambêtipun.

Isinipun Organ Punika:

Wara-waranipun pangrèh, bab pralenan.. 13 | Turunan paturan sarta dhawuh, bab suwunan kamar mligi kangge para luhur ... 14 | Aturipun Dèwi Drupadi ... 15 | Pêrslah Putri Narpawandawa ... 21 | Pananggalan | Nitik Sultan Agungan.