Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1936-03, #409

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1936, #409
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1936-01, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #321.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1936-02, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #507.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1936-03, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #508.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1936-04, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #509.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1936-05, #409 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #510.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1936-06, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #511.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1936-07, #409 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #512.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1936-08, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #513.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1936-11, #409 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #514.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1936-12, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #515.

Ôngka 3, Marêt 1936

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran - Surakarta. 203 ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO '36. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasradipraja, Kapatihan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Pèngêtan Parêpatan Agêng Taunan, Ngiras Alal Bihalal, Nalika Dintên Sênèn Sontên Tanggal Kaping 13 Januari 1936 Wontên ing Dalêm Adiwijayan

Para pangrèh ingkang rawuh:

1. B.K.P.H. Suryaamijaya | 2. K.P.P. Suryadipura | 3. R.M.Ng. Purwasastra | 4. R.M.H. Mr. Kartadipura | 5. R.M.H. Cakrawinata | 6. R.M.T. Purwadipura | 7. R.M.Ng. Wiraatmaja | 8. M. Èsmubrata.

Pangarsa mulya K.R.M.H. Wuryaningrat, ugi rawuh.

--- 26 ---

Dene warga pangrèh 1. R.M.Ng. Sasradipraja, 2. R.M.Ng. Atmamijaya, 3. R.M.Ng. Atmasaputra, sami kapambêng.

Para warga ingkang rawuh watawis 140, warga Putri Narpawandawa 160.

Wanci jam 8.50 pangarsa murwakani parêpatan, amêdhar sabda kados ing ngandhap punika:

Kula nuwun, pangrèh tuwin warga Putri Narpawandawa, warga kakung Narpawandawa sadaya.

Langkung rumiyin kula angunjukakên gênging panuwun ing panjênêngan dalêm, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, anggènipun marêngakên dalêmipun kangge parêpatan. Kabêkta salêbêtipun rouw (sungkawa) mila parêpatan mundur dhawah dalu punika, pancènipun nalika tanggal 4 Sawal. Wontênipun kula dhawahakên ing tanggal kaping 4 Sawal, amargi adat tatacara kula tiyang Jawi ing wulan Sawal punika sami alal bihalal. Sanajan nama kantun, nanging kula manah pêrlu ngandharakên kajêngipun alal bihalal.

Sabên ing dintên riyadi Siyam kula sadaya dipun sunatakên, inggih punika dipun utamèkakên sami silaturohmi utawi alal bihalal.

Silaturohmi punika têmbung Arab, têgêsipun: nyambung sih, dene alal bihalal Jawinipun: apura-ingapura.

Tatacara ingkang makatên punika sajatosipun agêng sangêt pigunanipun, lan lêbêt sangêt raosipun, awit manungsa punika lugunipun tansah kinêpang ing panggodha, ingkang nênuntun dhatêng para manungsa supados êcrah lan pasulayan kalihan sanèsipun, môngka inggih êcrah lan pasulayan punika ingkang dados tuking sadaya kacilakan.

Alal bihalal punika kalêbêt saperanganing sarana kangge ngrukunakên para manungsa ugi minôngka jampi kangge ngicalakên sêsakit congkrah lan pasulayan.

Namung emanipun cara ingkang sae sarta agêng sangêt pigunanipun punika samangke sêmunipun namung dados prakawis ingkang dipun sapèlèkakên utawi lajêng dados padatan, sampun awis sangêt ingkang mangêrtos paedahipun, anggènipun ngawontênakên alal bihalal namung kabêkta saking têmbung patut-patute malah [ma...]

--- 27 ---

[...lah] sawênèhipun dipun angge kêkudhung anggènipun badhe sopyan-sopyan, mila botên anèh manawi Sêdyatama ingkang mêdal dintên Saptu kala êmbèn wontên pakabaran ingkang nyariyosakên saiba nyênyêtipun parêpatan dalu punika, kabêkta botên mawi têtingalan, punapa malih ingkang sami mêrlokakên dhatêng mêsthi namung sakêdhik. Samantên suwaraning sêrat kabar dhatêng pakêmpalan Narpawandawa. Mila saking punika parlu badhe kula aturakên kadospundi ingkang nama alal bihalal ingkang sajatos, lan kadospundi titikanipun alal bihalal ingkang tinarimah wontên wohipun.

Kala wau sampun kula aturakên, manungsa punika tansah kinêpang ing panggodha, ingkang badhe ambêbujuk para manungsa supados êcrah lan pasulayan kalihan sadhèrèkipun piyambak, punika panulakipun botên wontên malih kajawi para manungsa punika kêdah tansah dipun rukunakên. Môngka alal bihalal punika kalêbêt saperanganing sarana kangge ngrukunakên para manungsa, punika katitik saking têgêsing têmbung nyambung sih sarta apura-ingapura. Ing samangke parlu ugi kula têrangakên kadospundi ingkang nama rukun.

Wontên ingkang nyuraos, ingkang nama rukun punika kêmpaling tiyang sawatawis ingkang nuju dhatêng satunggaling êbab. Kosokwangsulipun manawi wontên tiyang ingkang botên purun ngêmpal ing ngriku lajêng dipun wastani botên rukun.

Panyuraos ingkang kados makatên punika radi wontên lêrêsipun, nanging kirang katranganipun. Sarèhning rukun punika gadhah têgês ingkang sae (heeft een gunstige beteekenis), amila jangkêpipun kêdah makatên: rukun punika kêmpaling tiyang sawatawis, ingkang nuju dhatêng satunggiling êbab, sarta satunggal-satunggaling tiyang wau gadhah sih trêsna sarta pangowêl dhatêng sanèsipun. Dados sanajan ngêmpal, nanging manawi nuju dhatêng prakawis ingkang botên sae, ambêborosi sarta mutawatosi sapanunggilanipun, punika inggih botên kenging winastan rukun, amargi botên adhêdhasar trêsna sarta pangowêl, mugi-mugi kêmpal kula sadaya wontên ing dalêm Adiwijayan dalu punika, anggadhahana raos kados pangrêngkuhing tiyang sêpuh dhatêng anakipun, wontênipun namung trêsna, owêl sangêt manawi anakipun ngantos dados awon. Mila watêkipun tiyang sêpuh wau tansah ngewahi [nge...]

--- 28 ---

[...wahi] sarta nglêrêsakên tindakipun anak, tiyang sêpuh ingkang trêsna, sanajan anggènipun anglêrêsakên malah botên andadosakên rênaning ingkang dipun lêrêsakên, punika botên dipun manah, amargi ingkang dipun èsthi, namung tiyang ingkang dipun trêsnani sagêdipun dados sae, makatên ingkang nama rukun sajati.

Satungal-tunggaling warga Narpawandawa kêdah gadhah raos kados pangrêngkuhipun bapa dhatêng anak, adhêdhasar katrêsnan, dados pikajêngipun alal bihalal punika supados wandawaning nata awèt rukun, sampun ngantos wontên congkrah lan pasulayan, kados pangandikanipun Pangeran wontên ing Kuran, waktasimu biablillahi jamingan walao tapharoku, têgêsipun: padha gêgondhelana talining Pangeran (karukunan) lan aja padha pisah pasulayan.

Wondene titikanipun alal bihalal ingkang tinarimah kalihan ingkang botên punika makatên: manawi sasampunipun alal bihalal, karukunanipun malah saya suda katimbang sadèrèngipun, punika titikanipun alal bihalalipun botên tinarimah. Dene manawi sabibaripun alal bihalal karukunan sarta katrêsnanipun mindhak katimbang ingkang sampun, punika tôndha tinarimah alal bihalalipun.

Wontên malih wêwarahipun Ngalkomah dhatêng anakipun makatên: manawa sira saduluran, miliha 1. wong kang anduwèni watêk, nalika sira ladèni gêlêm rumêksa marang awakira, 2. yèn sira trêsnani gêlêm animbangi, 3. yèn sira pinuju karibêdan gêlêm mitulungi, 4. yèn sira nindakake kautaman angrojongi, 5. manawa sira anglakoni panggawe ala gêlêm angelingake, 6. yèn sira ambêciki anitèni, 7. yèn sira anduwèni wadi gêlêm anutupi rapêt, 8. yèn sira kataman ing bilai mèlu bela susah, sarta yèn sira tômpa kanikmatan, mèlu bungah, 9. calathune têmên prasaja, sarta manawi nuju luput gêlêm ngalah (ora ngèyèl) lan kaping 10. cêkake kang bêcik budi pakêrtine. Mugi-mugi kula sadaya para warganing Narpawandawa sagêd mêndhêt woh saking wêwarah ingkang mêntas kula aturakên punika wau, punapa malih kêparêng apura-ingapura dhatêng kalêpataning satunggal lan satunggalipun. Awit salêbêtipun sataun punika mêsthinipun kula sami andamêl dosa kalih prakawis.

--- 29 ---

I. Dosa dhatêng awakipun piyambak, kados ta: kêsandhung, kêplèsèd, kasêlak sasaminipun, punika cêkap kalêbur piyambak, sarana pangatos-atos.

II. Dosa dhatêng sasamining gêsang, inggih sarana halal bihalal punika panglêburipun.

Kula sakônca pangrèh nyuwun dhatêng para warga kaparênga paring pangaksama, manawi salêbêting sataun kapêngkêr panyêpêng kula kêmudhining pakêmpalan wontên ingkang dadosakên mêsguling warga, kalêbura sarêng ing dalu punika ugi.

Kula nuwun, para warga bokmanawi botên nyana bilih anggènipun bêbadra Narpawandawa wiwit taun 1925 dumugi taun 1928, sampun sagêd kalêksanan salêbêtipun taun 1935, inggih punika kagungan dalêm rad bale agung. Kala samantên ingkang jumênêng pangarsa Narpawandawa panjênêngan dalêm, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda, mila kula botên kasupèn mangayubagya katur Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda dalah para pangrèh sanèsipun, anggèning gadhah sêdya sampun nama kadumugèn, kajawi punika ugi taksih kathah parlu-parlu wigatos, ingkang katindakakên dening pangrèh, malah para warga botên kêkilapan malih, bilih ingkang jumênêng pangarsaning B.A. inggih warganing Narpawandawa panjênêngan dalêm Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, kula dalasan para warga sadaya mêmuji dhatêng Adiwijayan sagêda panyêpêngipun B.A. rahayu wilujêng. Dene B.A. murakabi para abdi lan kawula, namung cuwanipun para warga katingal botên kathah ingkang rawuh bilih B.A. nuju parêpatan.

Paturanipun Narpawandawa ingkang konjuk bab pêpatih dalêm, kula mirêng botên sadaya warga sami anggènipun nyuraos paturan wau. Mila kula punapadene para kônca pangrèh tampi panggrundêl ingkang kirang prayogi, amargi kirang absahipun anggèning nyuraos, kajawi ingkang baku namung persoon, punika kula botên pêrlu manjangakên mindhak malah tambah sêling sêrap, kula jugag samantên kemawon.

Bab bôndha pasinaon, kathah para warga ingkang nyuwun wragad tumrap pasinaoning anak-anakipun, kapêksa botên angsal, jalaran arta bôndha pasinaon sampun tumônja sadaya. Mangke badhe dipun têrangakên dening panitya bôndha pasinaon.

--- 30 ---

Bab pralenan ugi kirang majêng lampahipun. Bokmanawi kajawi kabêkta saking môngsa rêkaos, inggih saking kathahing para warga anggèning mlêbêt pakêmpalan sanès golongan pralenan ugi, kabêkta saking pandamêlanipun, langkung malih sarêng sapunika wontên rukun kampung. Dados upami wontên warga tilar donya, môngka tunggil kampung, punika kapêksa bayar rangkêp, rukun kampung kalihan pralenan Narpawandawa, gèk tunggil padamelan kados ta upaminipun dados abdi dalêm prajurit, inggih bayar pralenan malih. Punika botên lôngka manawi andadosakên rêkaos, sisib-sêmbiripun lajêng kêndho botên bayar salah satunggalipun pralenan, dhawah Narpawandawa rèhne mawi watêsan pambayaripun mila ngrêkaos, bab punika rèhne mangke ugi badhe dipun têrangakên dening pangrèh pralenan, kadospundi panggalihanipun para warga, namung nyumanggakakên.

Bab padvinders punika inggih ada-adanipun Narpawandawa. Ingkang rumiyin dhawuh dalêm ingkang kadhawuhan ngajar padvinders Bandara Kangjêng Pangeran Arya Suryabrata, nanging katingal rêndhêt ajêngipun, amargi botên nocogi punapa lampah-lampahipun pandvinder, sapunika sarêng kaasta Bandara Kangjêng Pangeran Arya Purbanagara, para warga pirsa piyambak, sabên Sabtu sontên sarta dintên Akad ing magangan kathah lare sami ajar sport sasaminipun, malah kula mirêng Purbanagaran ngawontênakên afdeeling padvinderij tumrap dhusun-dhusun bawah dalêm, Narpawandawa matur nuwun dhatêng Purbanagaran.

Bab sport punika wau sampun kula aturakên wontên ing kalangan padvinderij dene bab pasinaon ugi sampun kagalih dening sahandhap sampeyan dalêm, inggih punika kawontênan kamajênganipun kagungan dalêm sakolahan ing salêbêtipun 5 utawi 6 taun kapêngkêr, wiwit kaasta Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumabrata, peil tumrap pangajaran minggah sangêt sarta tamtu salajêngipun kagalih tambah prayoginipun.

Punika Narpawandawa ugi pêrlu ngaturakên pamuji sarta panuwun widadanipun kagungan kalêmdalêm. sakolahan katur panjênêngan dalêm, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumabrata.

Nalika dintên Kêmis ingkang kapêngkêr kaparêng dalêm awit saking panyuwunipun piyambak, [piyamba...]

--- 31 ---

[...k,] Dhoktêr Kangjêng Radèn Tumênggung Wedyadiningrat kapènsiyun, parlu kula matur wontên ing parêpatan ngriki bab pasuwitanipun salêbêtipun 30 taun, kawontênanipun wilujêng, ing môngka panjênênganipun wau sabagean agêng kadhawuhan ngrêksa sarta anggarap putra santana dalêm manawi nuju gêrah utawi sakit. Dados botên lôngka mawimanawi. para putra santana dalêm wau raos sumêdhot panggalihipun, amargi sampun kadunungan trêsna, malah raosing manah kadosdene lare tinilar tiyang sêpuhipun. Nanging kadospundi malih ingkang makatên wau amung kêdah dipun pupus, amargi sampun dumugi wancinipun ngaso. Mila Narpawandawa amung mêmuji dhatêng Kangjêng R.T. Dr. Wedyadiningrat anggènipun wiwit sèlèh padamêlan sagêda sêmèlèh ngaso, panggalih ayêm têntrêm widada sapanginggil, sasèlèhipun Wedyadiningratan panyuwunipun Narpawandawa nuntên sagêda angsal lintu ingkang sae watak watêk kasusilan sarta ingkang pangrêngkuhipun dhatêng sadaya santana dalêm kadosa dene Wedyadiningratan.

Parêpatan dumugi samantên andharan tuwin atur kula minôngka kangge ambukani parêpatan dalu punika.

Ing samangke parêpatan agêng Narpawandawa ingkang kaping kalih salêbêtipun kula tuntun dalu punika kula bikak.

Sadèrèngipun anglajêngakên ngrêmbag urutipun, agendha kula parlu ngaturi priksa mênggah suda wêwahipun warga pangrèh ing salêbêtipun sataun, artaka, Kangjêng Pangeran Arya Panular seda nalika wulan Mèi kapêngkêr. Kangjêng Pangeran Ariya Panular wau kathah lêlabêtanipun dhatêng pakêmpalan Narpawandawa. Dene gêgantosipun artaka, Mintêr Mistêr. Radèn Mas Arya Kartadipura mila kula suka katrangan sagêdipun absah dening parêpatan agêng. Taksih wontên sambêtipun.

Putri Narpawandawa (P.N.W.)

Sambêtipun organ no. 2

1. Pangrèh kadakwa ngrêmbag bab wayuh, punika botên nyata aliyas goroh, malah pangrèh ngèngêtakên sampun ngantos ngrêmbag bab wayuh wau wontên salêbêting

--- 32 ---

parêpatan. Sabab punika bêtahipun pêrsun piyambak-piyambak.

2. P.N.W. kadakwa botên purun nampèni warga para ampil priyantunipun putra santana dalêm, ugi botên nyata, inggih lêrês wontên tatananipun pakêmpalan, tumrap ampil priyantunipun putra santana dalêm punika bilih badhe dados warga P.N.W. kêdah têrang kakungipun, sagêdipun katampèn manawi pangrèh manah botên wontên èwêd-pakèwêdipun, dene pasêksènipun sampun kathah para ampil priyantunipun putra santana dalêm ingkang dados warga P.N.W.

3. Pangrèh kadakwa angsal balônja, saha

4. Kadakwa rêmên lastari dados pangrèh.

Punika saya nama pados-pados, nyatanipun pangrèh punika kajawi tanpa pituwas, ugi rêkaos pamanahan saha badanipun, dene anggènipun pangrèh sapunika ngantos dumugi sapriki taksih sami dados pangrèh wau, amargi sabên pilihan pangrèh anyar, swaraning para warga sami nêdha lêstarinipun para pangrèh lami wau, amila juru sabda pêrlu ngèngêtakên dhatêng para warga, sampun sok gugon tuhon, anggêga rêmbag lalawora. Wondene manawi mêksa kapêngkok mirêng rêmbag utawi swara ingkang anèh- anèh wau prayogi lajêng mitêrangakên dhatêng pangrèh kemawon, kalayan suka sênênging manah pangrèh tamtu nyukani katêrangan saprêlunipun, amargi sampun limrah sadaya sêdya sae punika pancèn kathah rubedanipun, nanging bilih dêrênging sêdya saya santosa kiyat, rubeda ingkang ngrêribêdi wau tamtu sami sumingkir, wêkasan sêdyanipun sagêd kalêksanan, tur kanthi nir sambekala.

Satêlasing ular-ularipun panitra II lajêng pilihan pangrèh, mupakatipun pangrèh lami sami lastari, dening kamanah sawêg katingal sae damêlipun, dados manawi dipun santuni sagêd adamêl bibrahing adêgipun pakêmpalan, eman-eman, lan inggih ngisin-isini tumraping umum, dene kêmpal sami kulit daging piyambak kemawon badhe nêtêpi ujaring paribasan: obor blarak.

Minôngka panutuping parêpatan, pangarsa mahyakakên bingahing panggalih, dene pamitadosipun para warga taksih samantên tumrap dhatêng pangrèh P.N.W. lami,

--- 33 ---

botên langkung sarèhning punika nyarêngi nuju wulan Sawal, bokmanawi wontên klenta-klèntuning tindak-tandukipun pangrèh dhatêng para warga, langkung malih dhatêng pangrèh agêng Narpawandawa, mugi linêbura ing dalu punika. Parêpatan lajêng katutup.

Satutupipun parêpatan pangarsa mêdhar sabda malih, bilih sadaya sami kasuwun anglajêngakên mirsani gambar idhup kadarman dalêm, tuwin sumbangan saking komisi Sriwêdari saha R.M. Darmara, punapa malih kasuwun angrêsêpi sêsêgahipun pakêmpalan P.N.W. ing sawontênipun, dumugi jam 11 langkung 15 mênit sawêg bibaran kalayan wilujêng, sakonduripun para warga tuwin para tamu, ingkang rêsik-rêsik papan ingkang kangge parêpatan wau, manggih satunggal iji tas cangkingan wacucal, sampun lami, warni lêmah têlês, wangun pasagi panjang (ambanon) botên isi punapa-punapa, samangke tas wau lajêng kapasrahakên dhatêng kamantrèn kring III Pasarkliwon§ Pamanggènipun wontên ing kampung Gambuhan (Baluwarti). mila sintên ingkang rumaos kagungan tas cangkingan kasêbut nginggil, kaparênga lajêng nitik dhatêng kamantrèn kring III Pasarkliwon wau.

Verslaggever

Paprentahan Ratu

Para Putra Santananing Ratu kalihan Ewahing Grêgêtipun Pabaratan Pulitik

Naluri kasusêtyaning kawula kasalira wontên ing panjênêngan dalêm nata

Makatên ungêling irah-irahan panjurungipun sadhèrèk A.S.D. kawrat wontên ing sêrat kabar Sêdyatama, ôngka 29, 30 tuwin 31 taun punika, sarèhning isining suraosipun panjurung wau prayogi dipun uningani para warga Narpawandawa, amila lajêng kula pêthik kula êwrat wontên ing organ ngriki, têrangipun kados ing ngandhap punika:

Lampahing kamajênganipun bawana agêng, nate nyorakakên swantên anglarung paprentahan ratu. Botên namung kalarung makatên kemawon, malah kumêdah-kêdah katumpês. Ingkang dipun lêlithing, kaanggêp musthika, paprentahan republik. Rohipun, roh dhemokrasi.

--- 34 ---

Pamundhi dhatêng paprentahan republik makatên wau, tuwuhipun sakawit wontên ing tanah kilenan. Dene ingkang dados sababipun margi saking lêpatipun para ratu dalah para priyagungipun piyambak. Adhakanipun margi gadhah bêbudèn kumalungkung, nyakitakên sarta nyapèlèkakên dhatêng kawula alit. Botên kèngêtan manawi adêging ratu makatên saking kawula. Anggènipun gadhah bêbudèn kumalungkung, gadhah anggêp kados asipat maha sampurna, maha lêrês, maha kuwasa, anjalari onyaning kapitadosan sarta sumungkêming kawulanipun. Onyaning kapitadosan makatên wau, gampil sangêt dados margining raos sêngit sarta nginggit-inggit.

Dayaning kamajêngan anjalari alun paprentahan republik wau nyêmpyok bawana wetan. Manawi dipun jajagi, jajaganing sagantên wau, saking dhêdhasar anarungakên golongan warni-warni.

Tanah Indhonesiah inggih kasêmpyok alun makatên wau. Salêbêtipun sawatawis taun kapêngkêr, ing papan catur pulitik sabên-sabên kapirêng swantên anggêgêtêri: Republik Indhonesiah. Saking ebatipun, ngantos kasupèn babarpisan bilih dhapukaning paprentahan makatên, badhe kados punapa kemawon sêsipatanipun, saèstunipun namung adhapur lampah utawi sarat panyêpênging paprentahan, amrih nagarinipun tata têntrêm. Salêbêtipun sawatawis taun kapêngkêr wau, rohing pabaratan pulitik kabangsan ing tanah ngriki, katingal gandrung republik. Saking gandrungipun, ngantos kêrêp kemawon angêdalakên ingkang tumandukipun dhatêng golongan kraton, nyakitakên manah. Sajakipun kados angugêm-ugêmi manawi tiyang kratonan makatên botên kasinungan daya gêsang ingkang sagêd marnèkakên lêlabêtan utami. ... para maos Sêdyatama, saya malih publik Mataram, mêsthi taksih kèngêtan gêtêring swasana, rikala wontên pawartos kasuranipun Dirasukana, badhe nyikara pamong P.K.N. ingkang ambêkta tata têntrêm.

Dumugi taun 1935-1936 swasana ebah-ebahan kabangsan, margi wasesaning kawontênan katingal jênjêm, salêbêtipun makatên malah nuwuhakên cipta sarta tekad ingkang murni, cocog kalihan dhêdhasaripun bôngsa kula. Jêr ing titimôngsa wau, jumêdhulipun Parindra ingkang angandhêmi tekad makatên:

Partai ini partai kebangsaan, seboelatnja anggauta tjotjok dengan keadaan masjarakat kita, artinja terdiri berdjenis golongan bangsa kita, dari tani jang miskin pengetahoean

--- 35 ---

dan miskin harta, sampai kepada kaoem pertengahan, kaoem terpeladjar dan kaoem bangsawan.

Parindra bekerdja dan beroesaha menoedjoe kemaksoed perbaikannja berdjenis golongan itoe jang sekiranja akan mengoentoengkan atau setidak-tidaknja tidak meroegikan jang lainnja.

Dados Parindra angakêni wontêning golongan ing kalanganipun bôngsa kula, sadaya wau nêdya kasayukakên kanthi ngèngêti kalênggahanipun piyambak-piyambak. Dados botên katarungakên, dhapukaning karukunan utawi pêrsatuan ingkang makatên wau ingkang murni piyambak, cocog kalihan kodrating gêsang têmbayatan ... Lampahing ebah-ebahanipun bôngsa kula wangsul miturut dhêdhasaripun gêndhon rukon.

Sami-sami golonganipun bôngsa kula, ingkang wiwit kina nalurinipun inggil margi tansah dados tuwanggana, inggih punika golongan ingkang sinêbut kaum bangsawan. Inggiling naluri sarta agênging lêlabêtan wau kala konggrès Parindra inggih dipun akêni Tuwan Dhoktêr Sutama wontên ing sangajênging tiyang kathah. Nanging saya dangu golongan wau saya kecalan piandêl saking akathah, bakunipun inggih saking lêpatipun piyambak, sami kalimput, kasupèn dhatêng jêjêring ningrat ingkang sajati. Têmahan anyèplêsi ungêl-ungêlan, tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati.

Botên namung tanah Indhonesiah kemawon ingkang dêlêsipun gadhah pamundhi dhatêng ratu dalah para satriyanipun ingkang katingal tuwuh ing raos sarta panganggêp kados ingkang sampun kula aturakên ing nginggil, sanadyan nagari kilenan ingkang dados tuking cipta republik, inggih katingal wontên lampah mangsuli jaman kina amundhi dhatêng ratu. Upaminipun nagari Yunani (Grikênlan).

Botên namung punika kemawon, babadipun nagari Itali inggih nate ngalami kaontang-antingakên alun anyirnakakên ratu. Jaman anggronjalipun pasismê, daya ingkang agêng inggih nêdya nepang paprentahan ratu. Malah Sang Musolini piyambak kalêbêt kaum republik, ewadene sarêng lampahipun pasismê sampun dumugi Têgal Kurusetra, bêbanthèngipun kaum kêmeja cêmêng, gadhah tanduk anglêstantunakên wontênipun ratu. Antêpipun Sang Musolini, sadaya gêgayuhanipun pasismê ing babagan ulah praja sarta sosial badhe sagêd kasêmbadan wontên ing salêbêting [salê...]

--- 36 ---

[...bêting] paprentahan ratu.

Têmbungipun Musolini kala 1922 wontên ingkang wosipun makatên ... Dintên punika tiyang sami botên mraduli paprentahan ratu, nanging benjing-enjing mêsthi sami sarju ing manah. Paprentahan ratu punika makili naluri kasusêtyaning kawula. Utawi naluri kasusêtyaning kawula kasarira wontên ing paprentahan ratu.

Sampun kula aturakên grêgêting kabatosan pulitik ing tanah ngriki, sarta ing nagari mônca sawatawis. Kêplasipun katingal amangsuli naluri kina, gadhah manah sarju dhatêng kaum ningrat ingkang ing kina mila gadhah lêlabêtan angayomi sarta nuntun bangsanipun. Alam Parindra nuwuhakên cipta raos makatên wau. Satêmah sagêd dados jalaranipun kabatosan republik, kêndhih kabatosan paprentahan ratu.

Tumrap putra santananing ratu, gêsang wontên ing alam kados samangke punika, sagêd rumaos sênêng. Nanging ingkang baku kêdah gadhah raos têtanggêlan awrat. ... awrat, jêr kacipta dados satriyaning bosabôngsa. ingkang ing jaman rumiyin gadhah naluri lêlabêtan utami ... awrat, jêr rakyat ingkang suwau kadamêl cuwa ngantos gadhah raos kumliya, samangke katingal tumênga. Curiga manjing warôngka, ... ing lair dados busana endah, anggèn-anggènipun satriya tama. Unusanipun, awarni wêsi aji, dêdamêl ampuh. ... pamoripun sampun mêsthi badhe katingal gumêbyar amrabawa.

Para putra santananing ratu, kêdah anangga sumêmining kawontênan makatên wau. Kêdah tumêlung sarta ngrangkul. Cakêp sarta labêt, prasasat tanpa wontên sêsilahan, inggih sanadyan sajatosipun satunggal lan satunggilipun gadhah lênggah piyambak-piyambak. Jêjêring ningrat ingkang sajati, kêdah kajêjêgakên, dipun ênggèni wontên ing têtêmbungan sarta tênaga. Sampun ngantos kaningratanipun anjalari wuru, lajêng kaangge dêdamêl ambujêng kabêtahanipun piyambak-piyambak, kasupèn dhatêng kabêtahaning rakyat ingkang kathah-kathah. Pait inggih sami ngraosakên pait, gurih sami gurih. Sarta mawi undha-usuk. Sampun ngantos: aku lêgine, kowe paite, kowe sêngake aku arume. Sampun ngantos wontên [wo...]

--- 37 ---

[...ntên] lêlampahan: rakyat kenging paos bêrahan, sawênèhing golongan ningrat ngudi lêpat saking sêsanggèn wau. Jêr sanadyan makatên punika wontêna wêwatonipun pisan, tumindakipun dhatêng tiyang kathah sagêd dados jalaraning pandumuk: golèk enake dhewe ...

Jumêdhuling alam Parindra. Mugi saya ngathahakên kaum bangsawan ingkang agêbyar wontên ing sawarnining ebah-ebahanipun bôngsa: pulitik, sosial, tuwin ekonomi ...

Cariyos Lêlampahanipun Sudagar ing Basorah

Sambêtipun organ ôngka 2

Pawèstri wau amangsuli: kula punika inggih manungsa, semahipun tiyang ingkang tilêm punika, sampun dangu anggènipun botên tilêm, pramila sapunika anggènipun tilêm sangêt kapatos. Semah kula punika sangêt sihipun dhatêng kula, makatên ugi kula inggih sangêt sih kula dhatêng semah kula. Wondene jalaranipun kula samangke sami wontên ing ngriki, amargi ingkang suwau sami numpak baita, baitanipun kandhas ing pulo ngriki.

Nangkoda wicantên malih, sang sulastri, manawi nitik lêkêring wadana, sarta sèdhêting sarira, kintên kula sampeyan punika trahing awirya, kula botên mangrêtos, dene sampeyan dados semahipun tiyang punika, sapisan, tiyang punika warnipunwarninipun. awon, kaping kalih, tingalipun malarat, kaping tiga, nitik dêdêg pangadêgipun, sarta cangkokaning paraupanipun, punika namung bèbèting tiyang alit kemawon. Dados sarwa-sarwi botên timbang, sampeyan angsal semah ingkang makatên. Pancènipun, manawi andadosakên sarjunipun sang sulastri, kula kadugi nalangi samukawis ingkang murugakên dhanganing panggalihipun sang sulastri. Manawi sampeyan kapengin ngagêm mas intên, rajabrana, kados botên badhe kacuwan, badhe lêlangên nitih baita, utawi sarawungan kalihan para luhur, utawi para hartawan, inggih botên badhe dhumawah ing ngandhap.

Kajawi punika taksih kathah malih pangrimukipun nangkoda wau dhatêng pawèstri semahing sudagar wau.

--- 38 ---

Semahing sudagar, wiwitanipun puguh, ketang trêsnanipun dhatêng semah, ananging sarêng karoban ing mêmanis, dangu-dangu kagiwang, dhasar taksih anèm, môngka lajêng dipun gunggung-gunggung endahing warninipun, dangu-dangu kasupèn dhatêng kasusilan. Sirahing semahipun kasèlèhakên alon-alon, lajêng tumut nangkoda kapal wau minggah dhatêng baita, baita lajêng mancal.

Sarêng sampun antawis ragi dangu, sudagar neneman wau nglilir, sumêrêp semahipun bilih botên wontên, nuntên dipun upadosi, wasana lajêng sumêrêp tapaking tiyang lumampah dhatêng pasisir, tumuntên dipun turut dumugi ing pasisir. Wontên ing ngriku sumêrêp baita kapal kêthap-kêthap, sêmunipun mêntas saking ing pulo ngriku, purugipun mangalèr. Sudagar wau lajêng anggraita, bilih semahipun dipun plajêngakên ing tiyang, katumpakakên ing baita wau, têlas manahipun, rumaos bilih sampun kasêpênan ing pitulung. Nolèh ngiwa, nolèh nêngên, ngajêng wingking sampun sêpên, tumuntên tumênga ing tawang, nênuwun ing Pangeran, mugi kaparingana pitulung. Botên dangu lajêng katingal wontên baita kêthap-kêthap saking kidul amurugi pulo panggenanipun, tiyang wau lajêng sukur ring Allah, sarta andêdonga, mugi-mugi baita kapal wau mampir ing panggenanipun ngriku, sagêda mitulungi badanipun. Taksih wontên sambêtipun.

Isining Organ Punika

1. Pèngêtan parêpatan agêng taunan ... kaca 25 | 2. Putri Narpawandawa (P.N.W.) ... kaca 31 | 3. Paprentahan ratu ... kaca 33 | 4. Cariyos lêlampahanipun sudagar ing Basorah ... kaca 37 | 5. Dintên sae | 6. Pananggalan.

--- [39] ---

Pratelan Kawontênanipun Dintên Sae, Wiwit Tanggal Sapisan April, Dumugi Pungkasaning Wulan Juni 1936

I. Ing salêbêtipun wulan Sura, wontên:

Tanggal kaping 10, utawi kaping 2 April, Kêmis Paing, Môndhasiya, Hyang Brama, mawulu, gigis, lêbu katiyup ngangin, lakuning bumi, mantri sinaroja, sangat wiwit jam 10.48 enjing, dumugi jam 1.12 siyang, jabarail slamêt.

II. Ing Salêbêtipun wulan Sapar, wontên:

Tanggal kaping 29 utawi kaping 21 Mèi, Kêmis Lêgi, Maktal, Hyang Kala, tungle, tulus, satriya wibawa, lakuning lintang, sanggar waringin, sangat wiwit jam 10.48 enjing, dumugi jam 1.12 siyang, Ahmad rijêki.

III. Ing salêbêtipun wulan Mulud, wontên:

Tanggal kaping 9 utawi kaping 30 Mèi, Sabtu Kliwon, Wuye, Hyang Uma, paningron, tulus, tunggaksêmi, lakuning bumi, sanggar waringin, sangat wiwit jam 10.48 enjing, dumugi jam 1.12 Ahmad rijêki.

Tanggal kaping 24 utawi kaping 14 Juni, Akat Kaliwon, Bala, Hyang Kala, tungle, kerangan, lêbu katiyup ngangin, mantri sinaroja, sangat wiwit jam 10.48 enjing dumugi jam 1.12 siyang, Ahmad rijêki.

Tanggal kaping 30 utawi kaping 20 Juni, Sabtu Lêgi, Bala, Hyang Rudra, tungle, dangu, bumi kapêtak, lakuning rêmbulan, mantri sinaroja, sangat wiwit jam 10.48 enjing dumugi jam 1.12 siyang, Jabarail slamêt.

IV. Ing salêbêtipun wulan Rabingulakir, wontên

Tanggal kaping 5 utawi kaping 25 Juni, Kêmis Lêgi, Wugu, Hyang Endra, mawulu, wogan, satriya wibawa, lakuning lintang, sri tumurun lumbung, sanggar waringin, sangat wiwit jam 10.48 enjing, dumugi jam 1.12 siyang, Jabarail slamêt.

Tanggal kaping 6 utawi kaping 26 Juni, Jumungah Paing, Wugu, Hyang Guru, tungle, tulus, tunggaksêmi, lakuning surya, mantri sinaroja, sangat wiwit jam 1.12 dumugi jam 3.36 siyang, Yusup slamêt.