Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1936-04, #409

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1936, #409
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1936-01, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #321.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1936-02, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #507.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1936-03, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #508.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1936-04, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #509.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1936-05, #409 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #510.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1936-06, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #511.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1936-07, #409 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #512.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1936-08, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #513.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1936-11, #409 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #514.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1936-12, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #515.

Ôngka 4, April 1936

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran - Surakarta. 203 ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO '36. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasradipraja, Kapatihan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Turunan

Bab Warèng Dalêm

Ôngka 43, C/3/II

Sêratipun pêpatih dalêm, katur dhumatêng wadananing putra santana dalêm têngên.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, sêrat katitimasan kaping 21 Dhesèmbêr 1935 ôngka 231/K.T./17 sakanthinipun, sampun kula tampèni. Bab anggènipun pangrèh Narpawandawa nyuwun supados sadaya warèngipun panjênêngan dalêm nata kaparingan wawênang ngangge sasêbutan radèn mas, radèn ajêng utawi radèn ayu, kasami canggahipun Kangjêng Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara, ingkang ing wêkdal sapunika sampun sami kaparêngakên ngangge sasêbutan wau. Bab punika pakêmpalanipun parentah Jawi sakawan, sawêg pados adpis dhumatêng adpisur pur inlansê sakên, dumugi sapriki dèrèng wontên wangsulanipun. Sêrat-sêrat kanthinipun [ka...]

--- 42 ---

[...nthinipun] kula kintunakên wangsul asarêng punika, salajêngipun borong.

Kasêrat tanggal kaping 18 Januari 1936.

Pêpatih dalêm, Kangjêng Pangeran Arya Adipati W.G. Jayanagara.

Turunan

Ôngka 10/525

Bab Warèng Dalêm

Sêrat paturanipun pangrèh Narpawandawa, katur wadananing putra santana dalêm têngên saha kiwa.

Kula nuwun, pangrèh sampun nampèni sêrat dhawuhipun pêpatih dalêm, katitimasan kaping 18 Pèbruari 1936 ôngka 43/C3/II bab anggènipun Narpawandawa nyuwunakên sêsêbutan radèn mas, radèn ajêng utawi radèn ayu tumrap para warèngipun panjênêngan dalêm nata, punika pakêmpalanipun parentah Jawi sakawan, sawêg pados adpis dhumatêng adpisur pur inlansê sakên, aturipun pangrèh sakalangkung ing panuwunipun, dene nagari sampun kaparêng anggalih atur suwunanipun Narpawandawa wau, amung sarèhning para canggahipun Kangjêng Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara, sanadyan dèrèng wontên katrangan saking adpisur pur ilansê sakên, sapunika sampun kaparêngakên ngangge sêsêbutan radèn mas, radèn ajêng utawi radèn ayu, kados ingkang kawrat kanthining sêrat paturanipun Narpawandawa katitimasan kaping 9 Nopèmbêr 1935 ôngka 59/512, pamanggihipun pangrèh Narpawandawa, wawênangipun panjênêngan dalêm nata wau sapunika sampun nama kêsosor, ingkang makatên wau sagêd adamêl kirang prayogi dhatêng raosipun para putra santana, saha karaton dalêm.

Awit saking punika manawi pêpatih dalêm dèrèng sagêd andhawuhakên maringi sêsêbutanipun para warèng dalêm wau kados suwunanipun pakêmpalan Narpawandawa, pêpatih dalêm kaparênga angrêmbag kadospundi rekadayanipun supados dhawuhipun Kangjêng Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara, nglilani para canggah kadipatèn Mangkunagaran ngangge sêsêbutan radèn mas, radèn ajêng utawi radèn ayu wau botên katindakakên [kati...]

--- 43 ---

[...ndakakên] rumiyin, lajêng sami ngêntosi katrangan saking adpisur pur inlansê sakên wau, ewadene manawi pêpatih dalêm botên sagêd angrêmbag ngandhêg dhawuh wau, nagari kemawon kaparênga nututakên sêsêbutanipun para warèngipun panjênêngan dalêm nata kados suwunanipun pakêmpalan Narpawandawa ing nginggil, anjawi saking punika mênggah panyuwunipun Narpawandawa tumrap dhatêng para warèngipun panjênêngan dalêm nata wau, ugi dalah sawêwênangipun, kasuwunakên sami kalihan para santana dalêm canggah minggah.

Nuwun, ingkang punika salajêngipun katur ing pêpatih dalêm, nyumanggakakên saha nyuwun dhawuh.

Katur kaping 29 Pèbruari 1936.

Pangarsa: W.g. Suryaamijaya

Panitra: W.g. Purwasastra

Turunan

Ôngka 53/507

Bab Pèdhêrasi

Sêrat paturanipun pangrèh Narpawandawa, katur ing pêpatih dalêm.

Kula nuwun, angèngêti suraosing sêrat dhawuhipun pêpatih dalêm, katitimasan kaping 24 Juli 1933 ôngka 464 C/4/I bab tatanan wêwaton tumindakipun manawi pêpatih dalêm parêpatan wontên ing konpêrènsinipun Kangjêng Tuwan Guprênur Surakarta sarta Ngayogyakarta, kalihan para wêwakilipun parentah Jawi, sarèhning kaparênging karsa dalêm, wêwaton gangsal bab ingkang kasêbut ing sêrat dhawuh nagari wau, sawêg kadhawuhan angrêmbag wontên ing konpêrènsi, lajêng kadospundi pikantuking rêmbagipun, kadhawuhan angunjukakên ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, dados tatanan wêwaton kasêbut ôngka 1 dumugi 5, ing sêrat dhawuhipun pêpatih dalêm nginggil wau, sagêd ugi wontên ewahipun, dening botên dipun rujuki ing konpêrènsi.

Awit saking punika amurih benjing parêpatan warga Narpawandawa ngajêng punika, pangrèh [pa...]

--- 44 ---

[...ngrèh] sagêd anggiyarakên wohipun, ingkang supados para warga sami mangrêtos, amila bokmanawi sampun wontên putusaning konpêrènsi, pundi ingkang dipun rujuki saha pundi ingkang botên dipun rujuki, pangrèh Narpawandawa nyuwun dhawuh.

Katur tanggal kaping 30 Oktobêr 1935.

Pangarsa: W.g. Suryaamijaya.

Panitra: W.g. Purwasastra.

Golongan paprentahan praja sarta pangadilan

Turunan

Ôngka 24 C/4/I

Bab Konpêrènsi Parentah Jawi

Sêratipun pêpatih dalêm, dhumatêng pangarsaning pakêmpalan Narpawandawa, Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya.

Awit saking sêrat katitimasan kaping 30 Oktobêr 1935, ôngka 53/507, mênggah bab tatanan wêwaton tumindakipun konpêrènsi parentah Jawi, punika kaparêng dalêm sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, ingkang sampun dipun condhongi kangjêng tuwan guprênur ing Surakarta, kados ing ngandhap punika:

Ha: murih sagêd nyinau pratelan ingkang badhe karêmbag wontên ing konpêrènsi, apês-apêsipun kirang 10 dintên saking tamtunipun konpêrènsi, pratelan wau kêdah sampun kakintunakên dhatêng ingkang sami badhe tumut konpêrènsi. Kajawi manawi wontên kawontênan ingkang kasêsa sangêt ingkang kêdah dipun tindakakên.

Na: konpêrènsi wau namung ngrêmbag bab-bab ingkang para parentah Jawi sami ngênggèni (analoge belangen).

Ca: mênggah rêmbag -rêmbag ing konpêrènsi têtêp nama rêmbag piyambakan.

Ra: sarta kêdah botên mawi putusan, dene pêpatih dalêm, manawi wontên rêmbag ing konpêrènsi ingkang dipun rujuki, môngka ingkang dipun rujuki wau dipun [dipu...]

--- 45 ---

[...n] manah bab sapele, sarta mênggahing adat utawi waton sampun kalêbêt wêwênanging pêpatih dalêm, pêpatih dalêm sampun lajêng sagêd nindakakên.

Ka: jalaran saking dhêdhasar rêmbag piyambakan sarta tanpa putusan wau, rêmbag konpêrènsi ingkang kasiyarakên ing sêrat- sêrat kabar, namung manawi wontên parluning umum kemawon, dene parlu umum wau pundi ingkang pantês dipun siyarakên ingkang nêtêpakên sarujukipun ingkang sami wontên ing konpêrènsi, ungêl-ungêlanipun kominike sadèrèngipun dipun tindakakên inggih kêdah dipun sahi rumiyin dening ingkang sami wontên konpêrènsi, sarta manawi pancèn dèrèng angsal katêtêpan, liripun pundi ingkang taksih mawi dhawuh dalêm sasaminipun, kêdah katêrangakên ing kominike.

Da: manawi konpêrènsi amanah parlu, konpêrènsi kenging andhatêngakên sintên kemawon sarta mundhut rêmbagipun, ananging inggih namung tumrap bab ingkang kapundhutakên rêmbagipun wau kemawon, dene ingkang tumut wontên ing konpêrènsi têrangipun kados ing ngandhap punika.

1. Kangjêng tuwan guprênur ing Surakarta, 2. Kangjêng tuwan guprênur ing Ngayogyakarta, 3. Pangagênging trah Mangkunagaran, 4. Pangagênging trah Pakualaman, 5. Pêpatih dalêm ing Surakarta, 6. Pêpatih dalêm ing Ngayogyakarta, sarta 7. ingkang kapiji minôngka sèkrêtaris, mèngêti rêmbag-rêmbag ing konpêrènsi. Sanèsipun punika botên kenging anênggani manawi botên dipun pundhuti rêmbag saking mupakatipun ingkang sami tumut wontên ing konpêrènsi wau. Ingkang punika pakêmpalan Narpawandawa supados sumêrêp.

Dhawuh kaping 7 Marêt 1936.

Pêpatih dalêm, Kangjêng Pangeran Arya Adipati W.g. Jayanagara.

Bôndha Pasinaon (studiefonds)

Ing organ kita N.W. ôngka 3 taun 1932 wontên sêtat cathêtanipun kumisi bôndha pasinaon (B.P.) bab tumanjanipun arta. Ing sêtat wau wontên katrangan,

--- 46 ---

Ingkang sampun dipun waragadi cacah lare 18 gunggunging arta waragad ... f 5661,20. | Ingkang nicil sawêg wontên 5 nanging dèrèng pundhat sadaya, gunggunging arta cicilan sadaya sawêg wontên ... f 296,- | Dados taksih wontên sambutan ... f 5365,20.

Ugi lajêng wontên katrangan ingkang nêrangakên lare wau sampun mêdal saha taksih sinau, punapa malih ingkang tilar donya. Nanging panicilipun, botên wontên katranganipun.

Ing organ ôngka 3-4 taun 1934 wontên sêtat katrangan malih lêbêt wêdalipun arta pasinaon (H.P.).

Arta ingkang malêbêt ... f 1996,57 | Arta ingkang mêdal ... f 303,00 | Dados kantun wontên arta ... f 1693,57.

Miturut katrangan kasêbut ing nginggil, angantawisi bilih cicilan arta pasinaon sajak botên sagêd nêtês.

Awit saking punika kula nyuwun dhatêng pangrèhing kumisi, kaparênga paring katrangan dhatêng pitakenan kados ing ngandhap punika:

1. Kadospundi kontrakipun bab punika, punapa wontên ingkang gadhah suraos nêtêpakên dhatêng tiyang sêpuhipun utawi wakilipun (Voogd) punapa malih dhatêng larenipun kêdah mangsulakên arta sambutanipun wau.

2. Kadospundi panarikipun arta cicilan, mêdal pos kuwitansi punapa botên. Punapa kenging janji nicil, waton ajêg, apêsipun pintên.

3. Punapa kumisi sampun rekadaya murih sagêdipun sami nêtêpi panicilipun. Rekadaya punapa utawi kadospundi.

4. Punapa sampun wontên pranatanipun ingkang asuraos: manawi pancèn sakintên sagêd nicil, môngka angèl, kêdah kaajêngakên dhatêng pangadilan. (Manawi pakêmpalan sampun gadhah rèh pêrsun).

5. Punapa wontên ingkang nyêbutakên kêdah botên katagih, manawi kadospundi.

6. Kumisi punapa sampun sagêd kagungan panggalih, arta ingkang kasambutakên sagêd wangsul utawi botên. Saha punapa sampun kagungan rancangan pursêtèl kaagêngakên [kaagêng...]

--- 47 ---

[...akên] malih utawi kandhindhal pisan (opdoeken).

Kula nuwun, mila kula ngaturakên pitakenan ingkang mawarni-warni kapengin nyumêrêpi kadospundi larah-larahipun bôndha pasinaon wau:

1e. Dèrèng nate mrangguli pêrslah bab tumindakipun kumisi anggènipun nindakakên padamêlan wau.

2e. Satêmênipun radi ngeman kanthi sangêt dhatêng icalipun B.P. wau. Mila kula gadhah pamanggih makatên, amargi sêtudhipon Stdf. wau, saking pamanggih kula sampun laras sangêt kalihan tujunipun N.W. ingkang kasêbut ing sêtatutên bab 2. Mungêl: sêdyaning pakêmpalan anjagi saha ngajêngakên ajining gêsang dalah panggêsanganipun santana dalêm, sarta anjagi wilujêng saha prayogining nagari tuwin karaton dalêm ing Surakarta. Kula pitados, ajining gêsang dalah panggêsangan punika rêkaos majêngipun, manawi botên dipun saranani mêdal margi pasinaon (onderwijs). Manawi ajining gêsang saha panggêsanganipun punika botên wontên, sampun prasasat tiyang botên gêsang (pêjah). Manawi para santana dalêm sami nandhang makatên jalaran saking botên sami angsal pasinaon ingkang nyêkapi, sangsara punapa ingkang dipun upadosi. Èthèk-èthèkan kemawon, manawi pakêmpalan kita N.W. punika taksih gêsang, môngka wontên kadadosan makatên, punika namanipun N.W. sampun botên sae.

Manawi ngèngêti motto ing up artikêl organ N.W. taun 1933 ôngka 5, ingkang mungêl: pathining satriya anyirnakna piguna, angurbana sarira, kinarya widada arjaning praja. Punika pancènipun botên sagêd Stdf. N.W. botên sagêd subur, nanging malah mênggrak-mênggrik dening pandamêling satriyanipun piyambak punika. Punapa mundhut kawalik suraosipun. Têgêsipun: Stdf. N.W. kêdah lêga rila, arta ingkang sampun mêdal kêdah kaeklasakên, botên parlu dipun udi wangsulipun, botên ngèngêti taksih kathah para darah ingkang kacupêtan wragad pasinaon. Manawi makatên lajêng ingkang mungêl: kinarya widada arjaning praja, botên sagêd mungêl makatên, nanging lajêng santun mungêl: kinarya rusak rêtuning praja. Harak mêmêlas namanipun.

Awit saking punika, kajawi ngajêng-ajêng katrangan saking kumisi H.P.N.W. kula [ku...]

--- 48 ---

[...la] nyuwun dhatêng sadaya para warga N.W. saha dhatêng para ingkang sampun ngraosakên pigunanipun stdf. N.W. kaparênga anggalih dhatêng murih widada saha suburipun stdf N.W. wau. Amargi bokmanawi botên kula piyambak ingkang ngakêni bilih botên wontên margi ingkang prayogi piyambak kaangge anggayuh dhatêng kamulyaning bôngsa dalah sanagari wutah rahipun kajawi mêdal margi ondêrwis, cacak nagari ingkang sampun kalêbêt misuwur kamajênganipun, kados ta: Ruslan, Turki tuwin Pilipinah taksih anggatosakên sangêt dhatêng ajênging kaondêrwisan (zie sêsorahipun sadhèrèk Dr. Sutama wontên ing konggrès pusi P.B.I. B.O.).

Manawi sami kaparêng anggalih yêktos dhatêng agênging pigunanipun pangajaran (ondêrwis) kados botên badhe awrat pangrèh kita N.W. anggêrakakên malih murih suburipun sêtudhupon N.W. kanthi ngwontênakên propagandhah bab punika wontên ing pakêmpalan agêng N.W.

Tutuping andharan kula punika, kula suwun dhatêng Pangeran Ingkang Maha Kuwasa, mugi-mugi sêtudhupon N.W. subur angrêmbaka nir sambikala, ingkang tundonipun anggadhahi daya agêng tumrap tata raharjaning praja dalêm Surakarta Adiningrat.

Kasêrat kaping: 20 Pèbruari 1936.

Sud

Gamblanging Atur Kula

1. Murih botên adamêl sêling-sêrêpipun ingkang sami mirêngakên, gamblangipun atur kula nalika parêpatan agêng Narpawandawa ingkang nêmbe kapêngkêr punika, bab panyuwun kula para gusti kula kangjêng pangeran, samia kêparêng nyatunggalakên karsa.

Kula nuwun, mênggah anggèn kula ngaturakên pamrayogi makatên punika, botên sanès para gusti kula wau sampun ngantos gampil kaabên kumba dening pangrenahipun si tukang damêl risak, amargi kayakinan kula ingkang mêdal saking manah suci, inggih manunggilipun para gusti kula wau, ingkang sagêd milujêngakên saha waluya jatinipun praja dalêm Surakarta Adiningrat, makatên salajêngipun.

2. Bab usul kula supados pralenan Narpawandawa dipun bibarakên kemawon,

--- 49 ---

salajêngipun para warganipun nglêmpak dados satunggal wontên rukun kampung ing dalêm sakampung-kampungipun.

Kula nuwun para bandara, mênggah usul kula kados kasêbut nginggil punika, botên kok kula badhe anjlomprongakên supados para santana dalêm, klêbêt juranging kanisthan lan kainan, nanging inggih gumregah kita dhatêng kalangan umum wau, ingkang sagêd junjung dlajad kita saumumipun, punapa botên makatên para bandara. Sarêng rêmbag dumugi ing ngriki, kula lajêng kemutan sêsorahipun rêdhaktur kita ing organ ôngka 3-4 Marêt, April 1934, manawi kaparêng anggatosakên ambokmanawi, inggih punika sabageaning isarat anggèn kita dados putra santananipun panjênêngan dalêm nata.

3. Bab atur kula samia kêparêng ambucal raos patut-patute, punika upamènipun nuju prêlu mantu, têtakan sarta sunatan, saking pamanggih kula manawi pancèn botên gadhah mirunggan waragad, ambokmanawi langkung prayogi sampun botên susah ngupados sambutan waragad kangge ngagêngakên pasamuwan, amargi gadhah damêl mantu makatên baku ingkang langkung pêrlu ningkah, dados upami namung nyêdhahi kyai pangulu sarta sanak sawatawis, sampun sagêd sah, dene manawi gadhah damêl têtakan sarta sunatan, rampung dening bong sarta nyi dhukun. Ewadene manawi kawontênanipun wau sarwa-sarwi sarwa wontên, badhea mawi wiwahan ingkang agêng-agêngan inggih têka utami kemawon, namung tatakraminipun sarèhning wêgdal punika masanipun kita sadaya kêdah ngagêngakên prihatos, inggih nadyan sarwa wontên, kêdah kacocokakên kalihan panjêriting jagad ingkang sarwa rontang-ranting punika, punapa botên makatên ki raka rêdhaktur,§ Manawi pamanggih kula, kita prêlu kêdah sumêrêp dhatêng beda-bedaning wajib, prêlu lan sunat, dene tumindakipun kêdah ngukur kêkiyatanipun piyambak-piyambak, dados sampun kêblêrêngên soroting pêpacang, mindhak anumbuk bêntus, sintên ingkang babak bundhas, inggih tumindak tanpa ukur. Red. tutuping atur kula mugi dadosa panggalihan.

Si unyik, Cakrapangarsa.

--- 50 ---

Pèngêtan Parêpatan Agêng Taunan Narpawandawa

Sambêtipun organ ôngka 3

Satêlasing purwakanipun pangarsa, kèndêl sawatawis, lajêng mêdhar sabda malih, ngaturi uninga bilih nalika dintên Kêmis tanggal kaping 11 Juli 1935 wanci jam 2 siyang 30 mênit, artaka I K.P. Arya Panular, seda. Tumrap Narpawandawa bêtah sangêt, dening kecalan warga pangrèh ingkang nyêpêng arta kas, botên langkung pangrèh amung mêmuji mugi arwahipun Kangjêng Pangeran Arya Panular wau tinampèna ing ngayunaning Pangeran Ingkang Maha Kuwasa, kaapuntêna punapa sadosanipun, dene ingkang kapilih dados gêgêntosipun R.M.H.Mr. Kartadipura, parêpatan rujuk. Lêlajênganipun pangarsa ngandika bilih miturut agendha, parêpatan dalu punika badhe ngabsahakên pèngêtan parêpatan taunan kapêngkêr, sampun kawrat ing organ taun 1934 manawi para warga sampun anggalih lêrês, pèngêtan wau katêtêpakên, parêpatan mupakat.

Panitra II lajêng maos palapuran taunan, kados ing ngadhap punika:

Pangrèh damêl parêpatan rambah kaping 8, damêl pêpanggihanipun para warga ngiras alal bihalal, ngiras parêpatan agêng mirunggan, 1 rambahan, nêtêpakên gêgêntosipun pangarsa, tuwin gêgêntosipun para pangrèh ingkang sami lowong. Putusanipun kados ingkang sampun kawrat ing organ ôngka 6.

Kawontênanipun padamêlan ingkang katindakakên, sarta ingkang prêlu kauningan ing para warga, kados ing ngandhap punika.

Utusan andhatêngi konggrès P.P.B.B. 2. Rèsèpsinipun Perpri, 3. Konggrès P.G.B. 4. Pêpanggihanipun Pêrguruan Rakyat 5. Parêpatan B.O. pang Surakarta, 6. Konggrès P.K.S. golongan èstri, 7. Pambikanipun Pasar Darma Madepustaka Abipraya, 8. Konggrès Gêrakan Ahmadiyah, 9. Konggrès P.P.K.D. tuwin sanès-sanèsipun.

Sêrat kaping 18 Mèi 1934 ôngka 24/440, katur warga: R.M.H. Padmawinata, 2. R.M.Ng. Citrasutarta, 3. Mas Èsmubrata, sami kapatah mariksa arta kasipun Narpawandawa ingkang kasimpên artaka I Dr.R. Sutarna, palapuranipun sampun kawrat organ taun 34, ôngka 9.

--- 51 ---

Sêrat kaping 21 Mèi 1934 ôngka 27/441, katur warga K.P.P. Suryadipura saha R.M.Ng. Sasraruwiya, sami kapatah dados warga panitya amriksa kawontênanipun pagrêjèn Narpawandawa.

Sêrat kaping 18 Juni 1934 ôngka 29/443, katur warga R.M. Cakrapangarsa, bab usulipun para warga, botên kaparingan wangsulan, utawi katawèkakên dhatêng parêpatan, sarta manawi parêpatan agêng kaprayogèkakên botên mawi gôngsa, sampun kawrat ing organ taun 1934 ôngka 8.

Sêrat kaping 18 Juni 1934 ôngka 30/444, katur pangagênging parentah karaton, bab panguburipun mayit dhatêng pasarean ing Ngèndhèn, sampun lajêng kaparingan dhawuh wangsulan katitimasan kaping 5 Juli 1934 ôngka 1280 ha IV/7/3, sampun kawrat ing organ taun 1934, sami ôngka 8 kaca 111.

Macak atur dhatêng nagari kawrat sêrat katitimasan kaping 19 Juni 1934, ôngka 32/445, bab kêkiranganipun arta nagari sampun kawrat ing organ taun 1934 ôngka 8 kaca 113.

Sêrat kaping 30 Juli 1934 ôngka 39/450, katur kawadanan putra santana dalêm têngên saha kiwa, bab sudan pajêg kabudidayan, sampun kawrat ing organ taun 1934, ôngka 9.

Sêrat kaping 30 Agustus 1934 ôngka 41/452, katur artaka I Dr. R. Sutarna, ngaturakên panuwun, bab kèndêlipun anggèning dados artaka I sabab kapindhah dhatêng Surabaya.

Sêrat kaping 30 Sèptèmbêr 1934 ôngka 41/454 katur B.K.P.H. Kusumayuda ngaturakên panuwun, bab lèrèhipun saking anggèning dados pangarsa.

Sêrat kaping 18 Oktobêr 1934 ôngka 49/456, katur pangagênging parentah karaton, nyuwun lilah para warga Narpawandawa jalêr saha èstri, sowan ngunjukakên pisungsung saha kasugêngan dalêm, têtêp yuswa 70 taun.

Sêrat dhawuh saking pangagêng parentah karaton kaping 26 Nopèmbêr 1934, ôngka 3131/Ha I/29 bab sowan ing ngarsa dalêm, botên kaparêng, sampun kawrat ing organ taun 1935 ôngka 1 kaca 2. Namung anggèning badhe misungsung ka-

Taksih wontên sambêtipun.