Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1936-05, #409

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1936, #409
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1936-01, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #321.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1936-02, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #507.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1936-03, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #508.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1936-04, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #509.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1936-05, #409 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #510.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1936-06, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #511.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1936-07, #409 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #512.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1936-08, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #513.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1936-11, #409 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #514.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1936-12, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #515.

Ôngka 5, Mèi 1936

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran - Surakarta. 893 ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO '36. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasradipraja, Kapatihan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Pèngêtan Parêpatan Agêng Taunan Narpawandawa

Sambêtipun organ ôngka 4

Sêrat kaping 24 Dhesèmbêr 1934 ôngka 70/469, matah: 1. K.P.P. Suryadipura, 2. R.M.Ng.Citrasutarta, 3. M. Tukiman, sami kapatah mriksa arta kas bôndha pasinaon Narpawandawa.

Sêrat kaping 11 Dhesèmbêr 1934 ôngka 62/461, katur pangagênging parentah karaton, bab ngonjukakên pisungsung sampun kawrat ing organ taun 1935 ôngka 1.

Sêrat dhawuhipun pangagênging parentah karaton kaping 24 Dhesèmbêr 1934 ôngka 3314 Ha I/29 paring sumêrêp, wiyosing dhawuh timbalan dalêm, paring tarima [tari...]

--- 54 ---

[...ma] kasih tuwin paring pangèstu wilujêng, sampun kawrat ing organ taun 1935, ôngka 2.

Sêrat kaping 31 Januari 1935 ôngka 11/477, katur ing pêpatih dalêm, bab kêkiranganipun arta nagari, sampun kawrat ing organ taun 1935, ôngka 3.

Sêrat kaping 13 Pèbruari 1935 ôngka 15/480 matah M. Ismubrata, dados panityanipun pangrèh Narpawandawa.

Sêrat kaping 18 Pèbruari 1935 ôngka 17/481 ngaturakên sêratipun warga Putri Narpawandawa katur pêpatih dalêm, pamrayogi barang-barang kagunganipun nagari ingkang wontên ing pantiroga, supados kadekekan lètêr P.B.

Sêrat kaping 4 April 1935 ôngka 24/487 katur ing pêpatih dalêm, bab nyuwun gêsanging cêngklongan pratigan, sampun kawrat ing organ taun 1935 ôngka 5 lajêng kaparingan dhawuh saking nagari kaping 24 April 1935 ôngka 233 C/4/I sampun kawrat ing organ taun 1935 ôngka 7 wosipun nagari pakèwêd marêngakên, Narpawandawa lajêng macak atur malih kawrat sêrat kaping 10 Juni 1935 ôngka 32/492, ugi sampun kawrat ing organ taun 1935, ôngka 7.

Sêrat kaping 31 Agustus 1935. Katur wadananing putra santana dalêm têngên saha kiwa, bab putra santana dalêm wontêna wêwakilipun andhèrèk ngrêmbag ruwêt-rêntênging nagari dalêm ing Surakarta. Sampun kawrat ing organ taun 1935 ôngka 11, kaparingan dhawuh saking nagari kaping 27 Sèptèmbêr 1935 ôngka 1946 A/2/I sampun kawrat ing organ taun 1935 ôngka 11.

Sêrat kaping 31 Agustus 1935 ôngka 36/495 katur pangagênging parentah karaton, bab wontêna kaparêngipun majibakên dhatêng salah satunggaling kantor karaton (persbureau) suka pakabaran utawi katrangan ingkang salêrêsipun.

Sêrat kaping 31 Agustus 1935, ôngka 38/497, katur ing pêpatih dalêm, bab panyuwunipun kèndêl Dr. K.R.T. Wedyadiningrat sampun kaparêngakên [kaparêngakê...]

--- 55 ---

[...n] rumiyin manawi dèrèng wontên gêgêntosipun ingkang sairib kados abdi dalêm Radèn Tumênggung Wedyadiningrat, sampun kawrat ing organ taun 1935 ôngka 10, kaparingan dhawuh saking nagari kaping 10 Sèptèmbêr 1935 ôngka 1730/C5/I wosipun Dr. R.T. Wedyadiningrat botên purun kacandhêt, sampun kawrat ing organ taun 1935 ôngka 10.

Sêrat kaping 31 Agustus 1935 ôngka 39/497 katur wadananing putra santana dalêm têngên saha kiwa, bab pêpatih dalêm, sampun kawrat ing organ taun 1935 ôngka 9.

Sêrat kaping 17 Oktobêr 1935 ôngka 48/504 katur wadananing putra santana dalêm têngên saha kiwa, bab nyuwun ewah purwakaning pranatan nagari ingkang mungêl daartoe gamachtigd door zijne Vorstelijke Hoogheid den Soesoehoenan van Soerakarta punika kasuwun dipun jawèkakên ... ingkang angêmban dhawuhing timbalan dalêm.

Sêrat kaping 30 Oktobêr 1935 ôngka 53/507 katur pêpatih dalêm, nyuwun mitêrangakên, bab tatanan tumindakipun manawi pêpatih dalêm parêpatan wontên ing konpêrènsi praja Kajawèn, dèrèng angsal dhawuh katrangan.

Sêrat kaping 31 Oktobêr 1935 ôngka 54/508 katur pangagênging parentah karaton, kagungan dalêm pantiroga ing Kadipala supados dipun yasani kamar piyambak, ingkang mligi kangge para luhur, dhawuhipun pangagênging parentah karaton, kawrat sêrat kaping 18/12 '35 ôngka 2054 ha IV/pa 6 badhe kaangkah sanès taun, sabab rantaman arta taun 1936 botên nyêkapi.

Sêrat dhawuh saking nagari kaping 11 Juli 1935, ôngka 437 C/4/I maringi katrangan èwêd-pakèwêdipun bilih pranatan pratigan kagêsangakên, sampun kawrat ing organ taun 1935 ôngka 12.

Sêrat kaping 31 Oktobêr 1935 ôngka 48/511 katur kabupatèn juru kunci ing Imagiri, bab nyuwun mitêrangakên manawi wontên tiyang ingkang nuju amêdhar sabda wontên pasareyan, kadospundi patrapipun, kaparêngakên kalayan ngadêg, punapa kêdah kalayan linggih, sampun angsal katrangan kawrat sêrat kaping 23 Nopèmbêr 1935 ôngka 255/P2/1, kanthi turunan dhawuh nagari kaping 20 Nopèmbêr [No...]

--- 56 ---

[...pèmbêr] 1935 ôngka 1377/IIA/2II wosipun amarêngakên, nanging kêdah ngangge tatacaranipun kadhaton.

Sêrat kaping 9 Nopèmbêr 1935 ôngka 59/52 katur wadananing putra santana dalêm têngên saha kiwa, bab warèngipun panjênêngan dalêm nata kasuwunakên sêsêbutan radèn mas, radèn ajêng utawi radèn ayu, sampun kawrat ing organ taun 1935 ôngka 12.

Kawontênan cacahipun warga wiwit sabibaripun parêpatan agêng taunan kapêngkêr, dumugi pungkasaning wulan Dhesèmbêr 1935 ingkang mêdal sabab pindhah panggenan utawi seda 6, ingkang mlêbêt anyar 39, dados mindhak 33, gunggung sadaya wontên 510.

Mênggah anggènipun pangrèh nindakakên padamêlan, dumugi parêpatan dalu punika, wilujêng.

Kasêrat kaping 13 Januari 1936.

Satêlasing pamaosipun palapuran, bab kawontênanipun pandamêlan sapanunggilanipun, artaka I lajêng nglapurakên lêbêt wêdalipun arta dumugi pungkasaning wulan Dhesèmbêr 1935 kados ing ngandhap punika.

Tampinipun arta

Saking paring dalêm ... f 500,- | Saking kontribisi ... f 892,31 | Saking bayaran organ ... f 167,145 | Saking sarêman andil bôndha lumaksa ... f 120,- | Gunggung ... f 1679,455 | Tirahan arta tutupipun wulan Dhesèmbêr 1934 ... f 3296,10 | Sadaya gunggung ... f 4975,555

--- 57 ---

Wêdalipun arta:

Wragad panitra ... f 180,- | Pituwas rêdhaktur ... f 120,- | Wragad organ ... f 336,- | Wragad parêpatan kapêngkêr ... f 103,505 | Wragad tambal sulam pit ... f 10,45 | Kontribisi dhatêng Java Instituut ... f 13,40 | Wragad utus-utusan ... f 79,10 | Wragad warni-warni ... f 70,60 | Gunggung ... f 913,055 | Kêkantunan arta tutupipun wulan Dhesèmbêr 1935§ Katrangan kawontênanipun arta tutupipun wulan Dhesèmbêr 1935 inggih punika: | Ingkang warni arta ... f 914,30 | Ingkang warni andhil pangêcapan B.O. 9 iji ... f 45,- | Ingkang warni andhil pangêcapan Mardimulya 8 iji ... f 200,- | Ingkang warni bôndha lumaksa 15 iji ... f 2500,- | Katitipakên ing pos sêpar bang ... f 403,20 | Gunggung ... f 4062,50. ... f 4062,50 | Gunggung sadaya ... f 4975,555. Taksih wontên sambêtipun.

Maniphès Saking Pirukunan Pakêmpalan Surakarta

Pêthikan saking D.K. ôngka 70.

Awit saking anyumêrêpi wangsulanipun Regeering dhatêng warga rad kawula, sadhèrèk Kasima, ingkang nêmbe punika, tumrap rêkèsipun Pirukunan Pakêmpalan Surakarta (P.P.S.)§ Inggih punika saking dhêdhapukan wêwakiling pakêmpalan: Budi Utama, Pêrsatuan Bangsa Indhonesia, Pulitik Katolik Jawi, Parte Kaum Kristên, saha Narpawandawa. Red. bab jumênêngipun pêpatih dalêm, putusaning parêpatan P.P.S. kala kaping 18 Marêt 1936 amanah parlu ngandharakên ing akathah, pokok pikajênganipun rêkès wau, inggih punika P.P.S. pancèn botên ngicali [ngica...]

--- 58 ---

[...li] gêgancênganipun kangjêng guprêmèn anggènipun tumut anguwaosi jumênêngipun pêpatih dalêm, nanging kosokwangsulipun P.P.S. botên amrayogèkakên, bilih gêgancênganipun pêpatih dalêm kalihan panjênêngan dalêm nata, botên kamurnèkakên kawontênanipun. Kajawi punika ugi ngaturakên pamanggih, murih sirnaning kawontênan-kawontênan ingkang kirang prayogi, dene usulipun kados ing ngandhap punika:

1. Wujudipun sapunika, jumênêngipun pêpatih dalêm, kajawi mawi blônja f 1000 sawulan, ugi dipun bêsliti sarta dipun sumpah saking kangjêng guprêmèn. Sarèhning pêpatih dalêm punika jêjêripun taksih lêstari dados warangkaning nata, mila tindak kados wujud sapunika wau, dipun manah P.P.S. botên lêrês, amargi nama mêdhot gêgancênganipun panjênêngan dalêm nata kalihan pêpatih dalêm, amila P.P.S. usul, kajawi nyuwak balônja f 1000 ingkang ambêsliti sarta nyumpah, dalah ingkang ngwontênakên kandhidhat kêdah saking panjênêngan dalêm nata, nanging sadaya wau mawi sarêmbag kalihan kangjêng guprêmèn. Pangraosipun P.P.S. dipun ewahi makatên wau botên mêdhotakên gêgancênganipun pêpatih dalêm kalihan panjênêngan dalêm nata, ugi botên ngicali jêjêring anggènipun kangjêng guprêmèn amêngkoni.

2. P.P.S. ngrujuki dhatêng tatanan lami, ingkang dados pêpatih dalêm punika kêdah botên dhêdhasar saking waris, nanging sagêda ngangge dhêdhasar kacêkapan, ugi ngrujuki supados jumênêngipun pêpatih dalêm, mawi watêsan 8 taun, punika kajawi wosipun murih botên nyudakakên kamajêngan, ugi sarèhning jumênêng sarta lèrèhipun saking sarujukipun salira kalih, inggih punika kangjêng guprêmèn kalihan panjênêngan dalêm nata. Manawi botên mawi watêsan jumênêngipun, upami wontên salah satunggal botên jodho botên sagêd angèndêli, punika badhe rêkaos, saha kirang prayogi tumrap kawontênan, amung bilih taksih jodho kemawon, sarta pêpatih dalêm wau badhe taksih cêkap dhatêng pandamêlanipun, inggih kenging kaulur jumênêngipun, nanging lami-laminipun botên kenging langkung saking 8 taun malih.

P.P.S. amanah ing wêkdal punika wontên pakèwêdipun utawi dèrèng wancinipun, amratelakakên sêsêrêpan ingkang sampun kalampahan, bab awon [a...]

--- 59 ---

[...won] sarta pakèwêdipun tumrap jumênêngipun pêpatih dalêm, kados wujud kawontênan sapunika, kajawi ta bilih kapêksa, sapunika P.P.S. amung ngaturakên gêgambaran kemawon kados ing ngandhap punika:

I. Upaminipun wontên satunggiling tiyang dipun sukani griya sapapan pemahanipun, sampun mawi janji saparlunipun, nanging wêwah janji malih botên kawênangakên nyopot sarta nêtêpakên rencang lêlêngênipun.

a. Punapa wêwahan janji makatên wau botên langkung saking samêsthinipun.

b. Bandara botên gadhah panguwaos dhatêng rencang, punapa botên bêlawur ing kawontênanipun.

c. Sarèhning rencang sumêrêp bilih bandaranipun botên sagêd matrapi, punapa rencang wau botên badhe thukul manah anggêga pikiranipun piyambak, utawi nglirwakakên dhawuhing bandaranipun.

d. Bandaranipun gadhah têtanggêlan, saha prajangjian, sagêdipun nêtêpi tumindakipun mawi rencang, wasana rencang wau sagêd nyulayani utawi nglancangi, ingkang bandaranipun botên sagêd mocot, punapa botên ribêt.

II. Manawi ningali jumênêngipun pêpatih dalêm kados wujud sapunika, ing kinanipun wontên èmpêripun isi sônggarunggi, tumrapipun 200 taun kapêngkêr bokmanawi wontên mapanipun, nanging manawi tumrapipun wêkdal punika sampun botên mungguh, amargi manawi kangjêng guprêmèn nyônggarunggèni panjênêngan dalêm nata saèstunipun panjênêngan dalêm nata inggih sagêd thukul sônggarunggi, samôngsa sami anggêgêsang sônggarunggi, punika atêgês ambibrah panjôngka manunggil, murih suburipun kawontênaning praja, pangraosipun P.P.S. manawi usul angewahi kawontênan jumênêngipun pêpatih dalêm kados kasêbut ing nginggil katampi, pamanggihipun P.P.S. raos sônggarunggi utawi sakarsa-karsa tumrap bab wau, sami badhe sirna.

Anggènipun P.P.S. gadhah atur dhatêng kangjêng guprêmèn, punika pancèn atêgês pitados, sanadyan sampun dados adat waton, nanging bilih kirang lêrês utawi kirang sakeca, kangjêng guprêmèn inggih wajib angewahi, makatên malih P.P.S. ugi ngèngêti pratelanipun wakil Regeering piyambak, manawi badhe nuntun kalihan lumampah andiwasakakên parentah Jawi, kajawi punika P.P.S. inggih

--- 60 ---

botên angrujuki bilih kawontênan jumênêngipun pêpatih dalêm kados wujud sapunika dipun wastani sampun tradhisi, amargi nyataning kawontênanipun pancèn sampun ewah- ewah.

Kasêrat kaping 24 Marêt 1936.

Pangrèh.

Putri Narpawandawa

Nalika dintên Akat sontên tanggal kaping 5 April punika, pakêmpalan Putri Narpawandawa damêl pêpanggihan, wontên ing pandhapa Wuryaningratan, para warga ingkang rawuh watawis 130. Tamu kakung ingkang sami ngêtêrakên garwanipun watawis wontên 50. Putranipun para warga ingkang sami tumut watawis 30. Miturut wêdharanipun pangarsa, minôngka sambènipun pêpanggihan ing dalu wau mirêngakên sêsorahipun warga R.Ngt. Purbakusuma, bab kasusilanipun putri lair batos, danguning anggènipun sêsorah ngantos 1½ jam, samantên dangunipun wau, sampun malih ingkang mawi sêrat, cathêtan wos-wosipun ingkang dipun sorahakên kemawon botên, pancèn nama sagêd sarta bêtah ngandikan, paribasan cara jamanipun sapunika pantês angsal sêsêbutan jêmpol. Satêlasing sêsorah bab kasusilan, lajêng R.Aj. Sukirsa majêng sêsorah bab bedaning putri kina kalihan putri jaman sapunika, punika sae isinipun.

Mênggah ingkang dados wigatosing pêpanggihan ing dalu wau, pangrèh Putri Narpawandawa ngaturi priksa dhatêng para warganipun, bilih Putri Narpawandawa nêdya badhe damêl kursus kangge pandamêlanipun para putri, 1. Bab panggulawêntah, 2. Pangupakara lare, 3. Olah-olah, 4. Pakaryan tangan (handwerken) 5. Panyêpêngipun buku (boekhouding) tuwin sapanunggilanipun. Adêgipun badhe kursus Putri Narpawandawa wau, sanadyan sagêd nyuwun kadarman dhatêng kraton, tuwin pambiyantunipun para guru ingkang badhe mulang, nanging sakêdhik-sakêdhik tamtunipun inggih mawi wragad, kados ta: kangge andhongan, tumbas pirantos, sapanunggilanipun. Mila pamanggihipun pangrèh Putri Narpawandawa, tinimbang lajêng ngadêgakên kursus, nanging lajêng pêjah

--- 61 ---

dening kirang sêmbadanipun, mindhak kirang prayogi. Minôngka kangge dhêdhasaran, kawiwitan adamêl sêsorah-sêsorah kemawon rumiyin, utawi dipun kêrêpi sêsrawungan, kalihan malampah bilih badhe wontênipun kursus wau sampun têrang katingal dipun bêtahakên, lajêng sawêg badhe kaadêgakên, amila wiwit sapunika pangajêng-ajêngipun pangrèh, sabên Putri Narpawandawa damêl pêpanggihan utawi sêsorah, para warga kenging ambêkta anak putranipun èstri, ingkang umuripun langkung saking 14 taun. Dene manawi para warga sampun sami nyondhongi sarta lare-lare katingal dêrêng ambêtahakên, dhatêng wontênipun kursus wau, badhe tumuntên dipun lêksanani, dumugi jam 10 pêpanggihan dipun bibarakên dening pangarsa, wilujêng. Wasana pun juru mirêngakên namung mêmuji dhatêng sêdyanipun pangrèh Putri Narpawandawa kasêbut nginggil, enggal tumuntên kasêmbadana lastari sapanginggilipun, awit tumrapipun para lare èstri ingkang tamat saking H.I.S. môngka botên sagêd nglajêngakên dhatêng Mulo tur umuripun taksih sangandhaping 18 taun, tinimbang lajêng nganggur glindhang-glindhung wontên ing griya prayogi lajêng nglêbêti kursus wau, kajawi badhe mindhak sêsêrêpanipun ingkang migunani dhatêng gêsangipun ing têmbe bilih gêgriya, ugi pêrlu para lare wau sampun ngantos kasêpênan pikiranipun.

Juru mirêngakên.

Wara-wara Pamulangan

Kumisi kagungan dalêm pamulangan Kasatriyan, ngaturi uninga, lêbêtan taun punika ing Pamardi Siwi namung nampèni murid enggal kangge voorklas.

Ing Kasatriyan sarta Pamardi Putri, sagêdipun nampèni namung ingkang tumrap klas II sapanginggil, samantên punika manawi taksih wontên papanipun. Dene anggèning kumisi kagungan dalêm pamulangan Kasatriyan nampèni para lare ingkang badhe sinau katata kados ing ngandhap punika:

Tumrap Pamardi Siwi

Putra wayah buyut dalêm, tanggal 20 Mèi 1936 jam 9 dumugi 11 enjing. Canggah dalêm, saha anaking canggah dalêm, tanggal 22 Mèi 1936 jam 9 dumugi 11 siyang.

Anaking abdi dalêm mantri sasaminipun sapanginggil, tanggal 23 Mèi 1936 jam 9

--- 62 ---

dumugi 11 siyang.

Tumrap Kasatriyan

Putra wayah buyut dalêm, tanggal 25 Mèi 1936 jam 10 dumugi 11 siyang.

Canggah dalêm, saha anaking canggah dalêm, tanggal 26 Mèi 1936 jam 10 dumugi 11 siyang.

Anaking abdi dalêm mantri sasaminipun sapanginggil, tanggal 27 Mèi 1936 jam 10 dumugi 11 siyang.

Tumrap Pamardi Putri

Putra wayah buyut dalêm, tanggal 28 Mèi 1936 jam 10 dumugi 11 siyang.

Canggah dalêm, saha anaking canggah dalêm, tanggal 29 Mèi 1936 jam 10 dumugi 11 siyang.

Anaking abdi dalêm mantri sasaminipun sapanginggil, tanggal 30 Mèi 1936 jam 10 dumugi 11 siyang.

Amila para putra santana dalêm saha abdi dalêm ingkang sumêdya anglêbêtakên putra utawi anakipun, sakêdhik-kêdhikipun kirang tigang dasa dintên saking titimasa panampining murid kasbut nginggil, supados angladosakên suwunan dhatêng kumisi, kanthi ampilanipun sêrat pikêkah, sêrat tôndha cacaran, sarta tatêdhakan biji saking raporêt ingkang kantun piyambak saking guruning murid, saha suwunan kangge voorklas supados kapratelakakên sapintên umuripun lare. Dene ingkang tumrap anaking santana dalêm canggah sarta abdi dalêm kêdah mawi katêmênakên dening abdi dalêm lurah kampung ingkang ambawahakên.

Ing dintên sarta wanci ingkang sampun katamtokakên wau tiyang sêpuhipun sarta murid ingkang kasuwunakên sinau supados dhatêng pamulangan, parlu badhe nampèni katrangan saking kapala guru.

Manawi anggèning angladosakên sêrat suwunan botên anêtêpi wara-wara, punika sagêd botên katampèn.

Kaping 10 April 1936.

Wacaka: Bratadipura. Wisesa: Kusumabrata

--- 63 ---

Cariyos Lêlampahanipun Sudagar Ing Basorah

Sambêtipun organ ôngka 3

Baita sangsaya dangu katingal sangsaya cêtha, wasana lajêng kèndêl ing pulo ngriku, badhe mêndhêt toya kangge sangu, nangkodanipun tumut mandhap dhatêng dharatan, dipun panggihi dhatêng sudagar wau. Sudagar lajêng nyariosakên lêlampahanipun sarta kasangsaranipun. Kyai nangkoda wêlas manahipun, nêdya badhe mitulungi, wicantên makatên: anggèr, sapunika kajêng sampeyan kadospundi. Tiyang neneman amangsuli. Manawi andadosakên kaparêng dhangan panggalihipun kiyai, kula nyuwun pitulung, mugi baita ingkang mlajêngakên semah kula punika dipun tututi, sagêda kula ngudi wangsulipun semah kula. Kula piyambak ing waktu samangke botên gadhah sarana, botên gadhah saraya, botên gadhah daya, pramila sangêt-sangêt panyuwun kula dhatêng kyai, kaparênga paring pitulung dhatêng tiyang ingkang kasangsaya kados badan kula punika. Pamuji kula mugi-mugi Gusti Allah paring wêwalês sih rahmat dhatêng kyai ing dêlahan.

Kyai nangkoda amangsuli: anggèr, prakawis panêdhanipun anggèr botên kula awratakên, têtulung dhatêng sasamining tumitah punika rak sampun dados kuwajibanipun manungsa. Suwawi sami minggah dhatêng ing baita. Kula badhe tumuntên ambêdhol jangkar, nututi baita punika.

Kyai nangkoda lajêng minggah dhatêng ing baita kalihan sudagar wau. Sasampunipun rampung anggènipun mêndhêt toya, lajêng enggal-enggal ambêdhol jangkar, kalêrêsan anginipun sae. Sadaya layar dipun babar, baita lajêng mancal, lampahipun sumrapat kados kabalangakên. Taksih wontên sambêtipun.

Isining Organ Punika

1. Pèngêtan parêpatan agêng taunan Narpawandawa ... kaca 53 | 2. Maniphès saking pirukunan pakêmpalan Surakarta ... kaca 57 | 3. Putri Narpawandawa ... kaca 60 | 4. Wara-wara pamulangan ... kaca 61 | 5. Cariyos lêlampahanipun sudagar ing Basorah ... kaca 63 | 6. Sultan Agungan | 7. Pananggalan.