Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1936-06, #409

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1936, #409
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1936-01, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #321.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1936-02, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #507.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1936-03, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #508.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1936-04, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #509.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1936-05, #409 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #510.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1936-06, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #511.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1936-07, #409 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #512.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1936-08, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #513.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1936-11, #409 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #514.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1936-12, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #515.

Ôngka 6, Juni 1936

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran - Surakarta. 1112 ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO '36. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasradipraja, Kapatihan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Turunan

Bab Warèng Dalêm

Ôngka 236 C/4/I

Sêratipun pêpatih dalêm, katur dhumatêng wadananing putra santana dalêm têngên saha kiwa.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, awit saking sêrat katitimasan kaping 9 Marêt kapêngkêr punika, ôngka 318/17 K.T. sakanthinipun paturanipun pangrèh Narpawandawa, mênggah bab sêsêbutanipun santana dalêm warèng punapadene santananipun ingkang ngasta parentah Jawi sanès-sanèsipun, punika sampun dados panggalihan dalêm sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, sarta sampun dados rêmbag wontên ing konpêrènsi parentah Jawi, dumugi sapunika dèrèng wontên karampunganipun.

--- 66 ---

Ingkang punika salajêngipun kadhawuhakên dhumatêng pangrèhing Narpawandawa supados sumêrêp, kula amborongakên.

Kasêrat tanggal kaping 7 April 1936.

Pêpatih dalêm: Kangjêng Pangeran Arya Adipati Wg. Jayanagara.

Pèngêtan Parêpatan Agêng Mirunggan, Wontên ing Dalêm Kusumayudan

Sambêtipun organ ôngka 11

Satêlasing sêsorahipun Rm.Ng. Kartaastana, pangarsa lajêng nawèkakên dhatêng parêpatan, sintên warga ingkang badhe mêdhar sabda.

Rm. Cakrapangarsa matur, bilih miturut pangandikanipun para juru sabda ingkang sami sampun mêdharakên pamanggihipun punika wau, pancèn inggih kasinggihan, luhuring gêgayuhan punika nama kautamèning sêdya, tumrap para kita para wandawaning nata pantês lan wajib anglêluri bêtuwahipun para lêluhur kita, sagêda sami anggayuh dhatêng tindak utami wau, wontênipun juru sabda matur makatên punika, sabab ing samangke kautamèning panggalih punika kathah ingkang sami kirang anggalih, satêmah lajêng nglênthar, malah kawontênanipun sapunika para wandawa wau namung bab sopyan-sopyan, ingkang dipun têngênakên, punika juru sabda botên rujuk sangêt, pancènipun kita punika kêdah tansah amrihatosakên dhatêng para wandawa inggih sanak sadhèrèk kita piyambak, ingkang sami nandhang rêkaos gêsangipun pantês sangêt yèn dipun pitulungana.

K.R.M.H. Wuryaningrat anjawab, wosipun kemawon, manawi pulitik ingkang atêgês akal-akalan punika pancèn sulaya kalihan bab kabatosan, nanging bilih botên atêgês akal -akalan, têrang manawi botên cêngkah, awit watêking rasa jati makatên namung adil, waskitha, sapiturutipun kados ingkang sampun dipun sêsorahakên wau, dados bilih satunggiling nagari ingkang pulitikipun katindakakên kanthi dhêdhasar manut watêking rasa jati, tamtu têntrêm, sabab sadaya tumindakipun mawi lêlambaran kaadilan.

--- 67 ---

R.m.T. Atmadipura majêng amêdhar sabda bab dayaning rukun, kados purwakanipun pangarsa punika wau, pancèn prayogi sangêt, sabab rukun makatên mahanani santosa, kita wajib sami ngèngêti dhatêng wulang dalêm sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun kaping IV ingkang wosipun kita punika kêdah rukun. Sêrat Asthabrata ugi mratelakakên, prayoginipun tiyang nindakakèèên praja makatên kêdah botên kenging cidra-cinidranan, awit samasa nginggil cidra dhatêng ngandhap, kosokwangsulipun ngandhap cidra dhatêng inggil- inggilanipun, praja ingkang dipun cêpêng wau tamtu risak.

Satêlasipun ingkang sami amêdhar sabda, pangarsa ngaturakên panuwun kanthi pangajêng-ajêng, mugi pathining bab kabatosan ingkang karêmbag muyêg punika wau, sagêda tumanêm ing panggalihipun para warga Narpawandawa, ingkang wusananipun sagêd amimbuhi kautamènipun para putra santana dalêm, sarèhning rêmbag-rêmbag nama sampun têlas, sarta wancinipun sampun jam 10 langkung 20 mênit, parêpatan katutup, nanging salajêngipun para warga sami kasuwun andumugèkakên lalênggahan ngiras amirsani paring dalêm lêlangên, dumugi jam ½ 1 sawêg bibaran, kanthi wilujêng.

Katur Sadhèrèk Sud

Awit saking andharan tuwin pitakènipun sadhèrèk Sud, katitimasan kaping 20 Pèbruari 1936 kawrat organ Narpawandawa wêdalipun ing wulan April 1936 ôngka 4, komisi bôndha pasinaon Narpawandawa ngaturi katrangan tuwin jawaban kados ing ngandhap punika:

Pitakèn 1.

Kadospundi kontrak panyambutipun arta bôndha pasinaon Narpawandawa punapa wontên ingkang gadhah suraos nêtêpakên dhatêng tiyang sêpuhipun utawi wakilipun (voogd) punapa malih dhatêng larenipun kêdah mangsulakên arta sambutanipun wau.

Jawaban:

Ing prajanjian nyêbutakên: ingkang kawajiban nyaur sambutan, punika larenipun ingkang nyambut. Manawi nyidrani sanggêm katindakakên punapa mêsthinipun, tiyang sêpuhipun namung sak nanggêl. Wondene bab pananggêl wau sampun kawêngku ing pranatan sambut-kapisambut.

--- 68 ---

Pitakèn 2.

Kadospundi panarikipun arta cicilan. Mêdal pos kuwitansi punapa botên, punapa kenging janji nicil, waton ajêg apêsipun pintên?

Jawaban:

Panarikipun mawi sêrat, sasagêd-sagêd kêdah ajêg. Nyuwun nicil kirang saking samêsthi, katindakakên kanthi dugi-dugi miturut kawontênan.

Pitakèn 3.

Punapa komisi sampun rekadaya murih sagêdipun sami nêtêpi panicilipun. Rekadaya punapa utawi kadospundi?

Jawaban:

Komisi sampun nindakakên rekadaya sagêda cicilan wau têtêp, malah ngantos wontên ingkang lumantar pangagêngipun.

Pitakèn 4.

Punapa sampun wontên pranatanipun ingkang asuraos: manawi sakintên sagêd nicil môngka angèl, kêdah kaajêngakên ing pangadilan (manawi pakêmpalan sampun gadhah rechtspersoon).

Jawaban:

Manawi katagih marambah-rambah mêksa botên purun nicil, badhe kaajêngakên ing pangadilan. Pancènipun manawi sagêd botên susah mawi kagigat, nanging manawi sampun kasangêtên, kapêksa pêrlu kêdah kagigatakên, amargi têrang nama ngêngèl-êngèl botên nêtêpi jangji, ingkang tundonipun damêl sisahing akathah, dening komisi namung tansah mangsulakên suwunan, fonds ingkang pancèn pêrlu dipun pitulungi. (Narpawandawa punika sampun rechtspersoon).

Pitakèn 5.

Punapa wontên ingkang nyêbutakên kêdah botên katagih, manawi kadospundi?

Jawaban:

Botên wontên, runtutipun ingkang kajibah nyaur punika ingkang nanggêl, nanging sadaya-sadaya punika tumindakipun taksih mawi dugi lan prayogi. Upaminipun ingkang sampun ajal utawi sakit èngêtanipun, môngka tiyang sêpuhipun [sêpuhipu...]

--- 69 ---

[...n] têtela kacingkrangan sangêt, punika sambutanipun kapêksa lajêng kaicalakên.

Pitakèn 6.

Komisi punapa sampun kagungan panggalih, arta ingkang kasambutakên sagêd wangsul utawi botên? Saha punapa sampun kagungan rancangan voorstel kaagêngakên malih utawi kadhindhal pisan (opdoeken).

Jawaban:

Sagêd wangsul nanging kanthi rêkaos. Bab ngagêngakên miturut kawontênanipun arta, rêkaos. Puluh dipun agêngna manawi cicilan botên sagêd nêtês, arta fonds dangu-dangu sagêd ugi têlas. Sanajan ugi botên sapintêna, pêrlu ugi fonds kajagi lastantuning adêgipun, amargi sabotên-botênipun punika ugi pitulungan tumrap ingkang pancèn bêtah dipun pitulungi. Wasana mugi-mugi ingkang sami dipun pitulungi wau, kaparênga sami nêtêpi wajibipun murih lastantuning adêgipun fonds, minôngka panutup komisi nyuwun kalayan sangêt, kaparênga sadhèrèk Sud, pêpanggihan kalihan komisi§ Prayoginipun sadhèrèk Sud, lajêng miturutana panêdhanipun komisi wau, murih lampahing bôndha pasinaon kita sagêda lastari. Red. bokmanawi sadhèrèk Sud, taksih kagungan panggalihan, ingkang sakintên maedahi tumrap kawontênanipun bôndha pasinaon Narpawandawa.

Komisi bôndha pasinaon Narpawandawa.

Anggèndèng Daging Awaras

Anggèn kita tansah kènjèr wontên organipun Narpawandawa punika, botên têbih namung kadidene angganipun si tukang kêmit ingkang nêtêpi wajib, amargi ing kalanganipun Narpawandawa taksih pêrlu kêdah tansah dipun rundhani, dene anggèn kita rundha botên têbih nyangking kênthongan thinuthuk, sampun siyang bêndara sampun siyang.

Jaman rêkaos saya karaos santêr sangêt, bribik-bribik saking satunggal [satungga...]

--- 70 ---

[...l] kalih tiga sakawan, sampun wontên santana dalêm ingkang kakirangan sandhang têdha,§ Namung angèlipun anggèning milah-milah, pundi ingkang kasrakat kalayan tinêmaha, pundi ingkang botên, sabab ingkang kathah jalaraning kasrakat dening ngêmohi dhatêng sumêrêpipun bedaning tindak, sunat, prêlu lan wajib, môngka wajibing para bandara punika amung dados têtungguling para kawula, sintên ingkang botên nêtêpi kawajiban tamtu angsal babênduning Pangeran. Yèn maibên suwawi kacobia. Red. kadadosan makatên punika manawi namung dipun yabèkakên kemawon, kajawi badhe wontên lêlampahan ingkang ngêrês-êrêsi, ugi tamtu badhe anggêgèndèng daging awaras, liripun anggêgèndèng makatên.

Upaminipun kita kasinungan sarwa-sarwi sarwa wontên, nyumêrêpi para kadang ingkang sarwa sobèk namung kita yabèkakên kemawon, punika sampun tamtu mênggah magrong-magronging griya, gêbyaring sandhang lan kaelokaning motor kita, badhe surêm dening sorotipun para kadang ingkang botên kantênan jaratanipun wau, punika sampun tamtu. Mila panyuwun kula kalayan sangêt, atur kula kasêbut nginggil punika mugi dadosa panggalihan, dene murih prayogining tumindak, kita sumanggakakên Narpawandawa saha Putri Narpawandawa, kita saumumipun kantun andhèrèk nêtêpi dhisiplin.

Kung kumluh, si unyik Cakrapangarsa.

Cariyos Lêlampahanipun Sudagar ing Basorah

Sambêtipun organ ôngka 5

Sarêng sampun sawatawis dintên, baita ingkang mlajêngakên semahing sudagar wau labuh jangkar wontên ing satunggaling nagari, wondene baita ingkang nututi, botên dangu inggih dumugi ing ngriku, sarta tumut labuh jangkar wontên sacêlaking baita wau, kyai nangkoda lajêng wicantên dhatêng sudagar ingkang kasangsaya wau: coba sampeyan tingali ing baita punika, semah sampeyan wontên ing ngriku punapa botên, manawi têtela wontên ing ngriku, sagêd lajêng milênggah dhatêng pangagênging palabuhan.

Sudagar wau talatos anggènipun angungak-ungak ing baita, ingkang kadakwa mlajêngakên semahipun. Sarêng sampun angsal sawatawis dintên, kalêrêsan sagêd sumêrêp dhatêng semahipun, manglong-manglong wontên ing candhelaning baita,

--- 71 ---

têtela sumêrêpipun bilih punika semahipun, pramila lajêng enggal-enggal cariyos dhatêng kyai nangkoda, kyai nangkoda lajêng wicantên: manawi pancèn sampun yakin semah sampeyan wontên ing ngriku, suwawi sapunika sami sowan dhatêng pangagênging palabuhan.

Tiyang kêkalih lajêng sami mandhap ing dharatan, sadumugining ngajênganipun pangagênging palabuhan, sudagar wau lajêng ngaturakên lêlampahanipun, prakawis semahipun kabêkta mlajêng juragan ingkang baitanipun anglêrêsi labuh jangkar wontên ing palabuhan ngriku, sarta mratelakakên bilih semahipun yakin wontên ing salêbêting baita wau, lajêng nyuwun adil, pangagênging baita lajêng dhawuh ngaturi priyantun jaksa sarta nimbali juragan wau. Sarêng juragan sampun dumugi ing ngajênganing pangagênging palabuhan, lajêng dipun dangu dhatêng jaksa: kyai juragan, niki èntên wong nonoman, andakwa sampeyan, jarene sampeyan mlayokake bojone, saniki bojone jarene ontên ing sajroning prau sampeyan, niku nyatane kêpripun.

Juragan ing sawatawis ragi anggragap, nanging lajêng mantun sarta mangsuli sarèh: priyantun, kula punika wiwit alit ngantos sapriki, anggèn kula semah namung sapisan, inggih angsal semah kula punika, semah kula punika, semah jakalara.

Priyantun jaksa lajêng andangu dhatêng sudagar, saniki sampeyan êmpun ngrungu dhewe wangsulane kyai juragan, pripun karêp sampeyan.

Sudagar amangsuli: inggih, kula sampun mirêng aturipun juragan punika, anamung aturipun punika dora. Pawèstri punika salêrêsipun semah kula. Dipun plajêngakên. Murih panjênêngan priksa dhatêng lêrêsing atur kula, prayogi pawèstrinipun ugi katimbalan ing ngarsanipun pangadilan ngriki, supados sagêd matur piyambak, tamtu lajêng têtela bilih punika sajatosipun semah kula.

Jaksa lajêng dhawuh dhatêng kyai juragan, supados benjing-enjing sowan malih ambêkta semahipun, badhe dipun dangu piyambak. Têtiyang ingkang sami gugat-ginugat lajêng sami bibaran, wangsul dhatêng baitanipun piyambak- piyambak.

Juragan wau sadumuginipun ing baita lajêng manggihi pawèstri ingkang dipun inggatakên, wicantên makatên: yayi, aku iki mau ditimbali marang panggêdhene plabuhan, [pla...]

--- 72 ---

[...buhan,] jalaran tômpa gugate bojomu. Aku digugat amarga mlayokake bojone, aku matur marang jaksa, yèn saliramu iku bojoku jakalara, sarta matur yèn ora tau rabi-rabi manèh nganti saprene, bojomu banjur duwe panyuwun, animbali saliramu mênyang ngarsane pangadilan, iya dikaparêngake. Didhawuhake marang aku, sesuk aku didhawuhi sowan manèh anggawa saliramu, aku iya saguh. Kang iku, yayi, yèn saliramu pancèn trêsna têmênan marang aku, sesuk yèn saliramu didangu pangadilan, matura kaya aturku iku mau, murih bisane cocog, dadi aku karo saliramu bisa lastari jêjodhoan.

Pawèstri wau inggih sagah, enjingipun sami rêruntungan sowan ing ngarsanipun pangadilan, sudagar neneman inggih sampun dhatêng ing ngarsaning pangadilan, kaêtêrakên nangkodanipun, jaksa lajêng andangu dhatêng pawèstri wau. Êmbok êmas, kula tômpa gugate wong nonoman niki, kôndha yèn sampeyan niku bojone. Dadine saniki pisah, criyose marga diplayokake têng juragan niku, kula ajêng wêruh sabênêre, pripun, coba sampeyan kôndha sing satêmêne mawon.

Pawèstri matur: priyantun, kula punika salêrêsipun semahipun juragan punika jakalara, sarta botên nate imah-imah malih. Anggèn kula imah-imah namung sapisan punika, bokmanawi tiyang punika klèntu paningalipun, kula dèrèng nate têpang kalihan tiyang punika.

Jaksa lajêng dhawuh dhatêng sudagar neneman, he, ca, saniki pripun jawab sampeyan, tiyang èstri niku pangakune pancèn bojone juragan niku jakalara.

Sudagar, sadangunipun mirêngakên wangsulaning pawèstri wau manahipun kumrangsang sangêt, tur sar-saran, botên ngintên manawi semahipun sagêd gadhah atur ingkang makatên, raosing manahipun kados-kados badanipun kinarukub ing ardi pawaka. Saking wirangipun lêga manawi badanipun dadosa awu sanalika. Pramila sarêng kadangu dhatêng jaksa, botên enggal sagêd ngaturi wangsulan, sarêng sampun ragi pulih pramananipun, lajêng wicantên dhatêng semahipun sakalangkung sêngak, he, wong wadon, aku kokira pangling mênyang kowe. Rupa lan swaramu apadene lagèhamu oraSeharusnya Hlm. 73 dan selanjutnya. [o...]

--- 93 ---

[...ra] kêna dicolong, maune kowe rak wis mati, ta. Saking trêsnaku marang kowe tak labuhi tinggal bapa biyung, sanak sadulur, bôndha donya, prêlu ngêtutake layonmu têkan satêngahing sagara, tak rewangi adus ombaking sagara, adus prahara. Ora kolu mangan, ora kolu ngombe. Saking marmaning Hyang Maha Wasesa, kowe dikaparêngake urip manèh, nanging nganggo umurku saparo. Aku iya lila umurku saparo koanggo, marga saking trêsnaku marang kowe. Aku duwe pangarêp-arêp, yèn kowe bakal nimbangi sih trêsnaku. Kêpriye dene saiki kowe têka duwe atur mangkono marang pangadilan, kêpriye bisa-bisamu nyelaki marang lêlakon kang nyata, aku ora duwe pangira pisan-pisan, yèn kaya mangkono kêkandhutamu. Apa kowe wis didhadhung ing Iblis, dene nganti adoh têmên ênggonmu nasar. He, wong wadon, pangarêp-arêpku, muga-muga kowe diparingana eling dening Pangeran, aja nganti kêbanjur-banjur ênggonmu nasar.

Pawèstri wau botên pisan-pisan katawis ngêdhap manahipun, dipun wêlèh-wêlèhakên ingkang makatên wau, malah matur dhatêng jaksa tatag tur tatas makatên: sumôngga ta para priyantun jaksa, sarta para priyantun ingkang sami anjênêngi pangadilan punika, kula aturi anggalih aturipun tiyang druhaka punika. Ginêmipun ngayawara kados ginêmipun tiyang ewah: anggènipun gadhah atur dora botên mawi ngèngèh-ngèngèh manawi gorohipun tiyang sangalam donya dipun tumplak, blak, dados satunggal, dèrèng sami kalihan gorohipun tiyang punika. Coba kagaliha. Ing jaman pundi, wontên tiyang pêjah sagêd gêsang malih. Tur mawi dipun cariyosakên bilih gêsangipun ngangge umuripun tiyang sanès. Umur têka dipun samèkakên kalihan barang kadonyan kemawon. Kenging dipun sambut, kenging dipun êdumakên. Coba sintên ingkang sampun nate priksa utawi mirêng: tiyang pêjah sagêd gêsang malih.

Para priyantun pangadilan anglêrêsakên aturipun tiyang èstri wau, lajêng andangu dhatêng sudagar: pripun, ca, sampeyan kok kôndha, yèn wong wadon niku waune êmpun mati banjur urip malih. Niku botên tinêmu ing nalar. Saniki êmpun têtela, yèn wong wadon niku pancèn bojone kyai juragan, dede bojo sampeyan.

--- 94 ---

Juragan wau lajêng nimbrung: para priyantun, sapunika kula nyuwun adil, nyuwun kokumipun tiyang ingkang gadhah dakwa dora, ngakên semahipun tiyang sanès. Kula wirang sangêt, dipun dakwa mlajêngakên semahipun. Kula botên trimah, semah kula dipun akên.

Priyantun jaksa lajêng dhawuh dhatêng sudagar, pripun, saniki sampeyan digugat têng kyai juragan, didakwa ngaku bojone. Pripun jawab sampeyan.

Sudagar mirêng wangsulaning pawèstri semahipun, sarta gugatipun kyai juragan, sangsaya putêk manahipun. Rumaos kijenan, botên wontên tiyang ingkang sagêd mitulungi rêmbag, têbih sanak, têbih kadang. Têtiyang ingkang pancènipun sagêd nêksèni pêjahipun tiyang èstri wau têbih sangêt panggenanipun. Wasana lajêng nudingi pawèstri wau kalihan wicantên: he, wong wadon druhaka, wis katog ênggonku nyabarake kowe, wis tutug ênggonku ngelingake kowe. Wis ora kêkurangan ênggonku awèh pitutur murih bêcikmu. Atimu mêksa atos kaya watu itêm. Kowe melik rajabrana, banjur kêpengin dadi bojone juragan iku, kobandhani goroh atumpa-tumpa. Saiki aku kijènên, ora ana sing bisa awèh pitulung rêmbug, aku nolèh ngiwa nêngên, ngarêp buri wis sêpi, mung kari tumênga ing tawang. Iku kang bakal paring pitulung marang wong kang kasangsara. Tak suwun bali umurku rongpuluh taun sing tak wènèhake marang kowe.

Sudagar wau lajêng tumênga ing tawang, andêdonga dhatêng Pangeran akanthi kusuk, makatên têmbungipun: dhuh Pangeran, dhuh Gusti Ingkang Maha Wasesa, dhuh Gusti Ingkang Maha Adil, dhuh Gusti Ingkang Maha Wêlas. Namung tuwan ingkang ngawuningani samukawis, namung tuwan ingkang priksa dhatêng barang ingkang gaib-gaib. Sarèhning pawèstri punika selak, botên purun ngakên bilih piyambakipun punika semah kula, panuwun kula mugi wontêna karsa tuwan amangsulakên umur kula kalih dasa taun ingkang kula êdumakên dhatêng pawèstri punika. Taksih wontên sambêtipun.

--- [0] ---

Pratelan Kawontênanipun Dintên Sae, Wiwit Tanggal Sapisan Juli, Dumugi Pungkasaning Wulan Sèptèmbêr 1936, Kados ing Ngandhap Punika:

I. Ing salêbêtipun wulan Rabingulakir, wontên:

Tanggal kaping 11 utawi kaping 1 Juli, Rêbo Paing, Wayang, Hyang Yama, mawulu, gigis, wasesa sagara, lakuning gêni, sanggar waringin, sangat wiwit jam 1.12 siyang, dumugi jam 3.36 Yusup slamêt.

Tanggal kaping 26 utawi kaping 16 Juli, Kêmis Paing, Dhukut, Hyang Kala, wurukung, dadi, lêbu katiyup ngangin, lakuning bumi, mantri sinaroja, sangat wiwit jam 1.12 siyang, dumugi jam 3.36 Yusup slamêt.

Tanggal kaping 29 utawi kaping 19 Juli, Akat Kaliwon, Watugunung, Hyang Endra, mawulu, gigis, lêbu katiyup ngangin, lakuning lintang, mantri sinaroja, sangat wiwit jam 10.48 enjing, dumugi jam 1.12 siyang, Amat rijêki.

Isining Organ Punika:

1. Turunan dhawuh bab warèng dalêm ôngka 236, C/4/I ... kaca 65 | 2. Pèngêtan parêpatan mirunggan ... kaca 66 | 3. Katur sadhèrèk Sud ... kaca 67 | 4. Anggèndèng daging awaras ... kaca 69 | 5. Cariyos lêlampahanipun sudagar ing Basorah ... kaca 70 | 6. Dintên sae | 7. Pananggalan | 8. Nitik Sultan Agungan.