Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1936-07, #409

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1936, #409
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1936-01, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #321.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1936-02, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #507.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1936-03, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #508.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1936-04, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #509.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1936-05, #409 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #510.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1936-06, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #511.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1936-07, #409 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #512.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1936-08, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #513.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1936-11, #409 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #514.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1936-12, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #515.

Ôngka 7, Juli 1936

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran - Surakarta. 1112 ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO '36. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasradipraja, Kapatihan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Pèngêtan Parêpatan Agêng Taunan Narpawandawa

Sambêtipun organ ôngka 5

K.R.T. Yudanagara pangarsaning panitya bôndha pasinaon Narpawandawa, nglapurakên kawontênanipun arta sarta cacahing lare-lare, ingkang ngangge arta bôndha pasinaon, dumugi pungkasanipun taun 1935 kêkantunanipun arta kas f 1500,- sabên wulanipun namung sagêd ambayari f 23,- paprincèn sarta namaning lare-lare ingkang dipun bayari.

1. R.M. Sadarna ... f 10,- | 2. R. Marsaban ... f 10,- | 3. R. Iskandar ... f 3,-

Mênggah wontênipun arta bôndha pasinaon namung sagêd samantên anggènipun suka [su...]

--- 96 ---

[...ka] pitulungan, sabab lare ingkang sami dipun wragadi rumiyin-rumiyin dèrèng sami nyaur sambutanipun.

R.M.H. Yasadipura pangrèhing pralenan, nglapurakên kawontênanipun pralenan Narpawandawa, wosipun para pangrèh pasrah bongkokan, botên sami kadugi nglajêngakên, sabab cacahing warga saya suda, tuwin kathah ingkang walêd pambayaripun sumbangan, samangke artanipun kas kantun f 19,22 lajêng dados rêmbag rame, putusanipun, sapunika pralenan kèndêl rumiyin, lajêng andhapuk panitya 1. R.M.H. Natadilaga minôngka pangarsa, 2. R.T. Tôndhawadana, 3. R.M.Ng. Puspapranata, 4. R.M. Cakrapangarsa, 5. R.M. Sudarya Cakrasiswara, supados manah kadospundi prayoginipun.

Satêlasing rêmbag-rêmbag ingkang kasêbut agendha, pangarsa nawèkakên, sintên ingkang badhe pitakèn utawi mêdharakên pamanggihipun, kawontênan ingkang sami mêdhar sabda kados ing ngandhap punika:

a. R.M. Sudarya mrayogèkakên spreekavond inggih punika dintên katamtuanipun pangrèh sagêd nampèni para warga ingkang ngaturakên pamanggih, utawi nyuwun katrangan bab punapa kawontênanipun pakêmpalan, supados dipun gêsangakên malih.

Wangsulanipun pangrèh, bab spreekavond rèhning botên sagêd kados idham-idhamanipun pangrèh, dados pangrèh botên sagêd anggêsangakên malih, prayogi manah rekadaya sanèsipun kemawon, ingkang sakintên sagêd tumindak.

b. R.M.H. Natadilaga nyuwun samasa-masa kagungan dalêm rad bale agung parêpatan angrêmbag bab bêtahipun para santana, supados para warga kaparingan wara-wara, prêlunipun sagêd ngangkah mrêlokakên dhatêng mirêngakên rêmbagipun.

c. R.M. Cakrapangarsa mitêrangakên, bab pagrêjèn Narpawandawa punika punapa taksih gêsang, amargi botên wontên palapuranipun.

Wangsulanipun pangrèh, manawi gêsang inggih taksih, nanging miturut palapuranipun panitya, kabêkta saking kirang ingkang suka garapan, sarta nyarêngi masanipun [masani...]

--- 97 ---

[...pun] kados makatên, dados inggih tuna, ewadene taksih kamanah ihtiyaripun supados sagêd majêng.

d. R.Ng. Yasapuraya mitêrangakên, mênggah anggènipun para warèng dalêm kasuwunakên sêsêbutan, radèn mas, radèn ajêng utawi radèn ayu, punika dalah wêwênangipun pisan, punapa namung sasêbutan kemawon.

Wangsulanipun pangrèh, botên namung sasêbutan kemawon, nanging ugi dalah wawênangipun.

e. R.M.Ng. Puspapranata amrayogèkakên, supados Narpawandawa anggalih gêsangipun para santana dalêm, ingkang sami kasrakat gêsangipun.

Wangsulanipun pangrèh, badhe kamanah rumiyin.

Satêlasipun rêmbag sanès-sanèsipun, pangarsa nglairakên saraosing panggalih, gayutan kalihan sêrat paturanipun Narpawandawa ingkang konjuk sahandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana, bab lênggahipun pêpatih dalêm, punika warni-warni panyuraosipun, mênggah pamirêngipun pangrèh wontên ingkang mastani bilih sêrat paturanipun Narpawandawa wau namung saking pamanggihipun satunggaling warga makatên punika pêrsunlêk. Amila prêlu dalu punika pangrèh ngaturi katrangan, wosipun prakawis sêrat paturan wau dhêdhasaranipun namung anêtêpi wajibing Narpawandawa kanthi sucining manah, anêdya ngrêksa dhatêng karaton sarta praja dalêm ing Surakarta, dados sanès rêmbag pêrsunlêk, nanging rêmbag ingkang mligi saking pamanggihipun pangrèh, amila murih sampun kalèntu ing panampi, prayogi amitêrangna dhatêng pangrèh kemawon, dados sagêd cêtha têrang pikajêng- pikajêngipun Narpawandawa, kawontênanipun ing parêpatan ngriku botên wontên warga ingkang nyuwun katrangan, malah kapara parêpatan nayogyani sangêt dhatêng tindakipun pangrèh anggèning tansah amêmayu hayuning praja tuwin karaton dalêm.

R.M. Cakrapangarsa nglairakên raosing manahipun, nyuwun dhatêng para luhur langkung malih dhatêng para putra dalêm, mugi sami kaparênga nyatunggalakên tekad, utawi anggolongakên karsa, supados sagêd nuwuhakên kasantosan. Kajawi punika nyuwun mitêrangakên bab kathah sakêdhiking bayaran kontribisinipun para warga punika wêwatonipun kadospundi.

--- 98 ---

Wangsulanipun pangrèh, manawi bab nyatunggalakên tekad, utawi anggolongakên pikajêngan, punika pancèn sampun dados èsthinipun Narpawandawa, dene bab beda-bedaning kontribisi punika manut kandêl tipising raosipun para warga dhatêng Narpawandawa, utawi mawas dhatêng kêkiyatanipun para warga.

Pangarsa ngandika, kados ingkang kawrat palapuranipun panitra punika wau, bab anggènipun Narpawandawa anggondhèli kèndêlipun K.R.T. Wedyadiningrat, sampun ngantos kaparêngakên panyuwunipun lèrèh rumiyin, sapiturutipun, punika kawontênanipun nalika dintên Kêmis kaping 14 Sawal Jimakir 1866, K.R.T. Wedyadiningrat, sampun kalampahan kadhawuhakên kèndêlipun.

Lajêng dados rêmbag sawatawis, anggènipun Narpawandawa badhe damêl pangèngêt-èngêt dhatêng lêlabuhanipun K.R.T. Wedyadiningrat, putusanipun, badhe suka sêrat tarima kasih, dene anggènipun nindakakên pandamêlan wajibipun sampun samantên taun wilujêng.

Sarèhning rêmbag-rêmbag sampun têlas, môngka wancinipun taksih sontên, pangarsa lajêng nawèkakên, manawi para warga taksih kaparêng sami lênggahan, B.K.P.H. Adiwijaya badhe andongèngakên kawontênanipun para paprentahan mandhiri, (Zelfbesturen) ing sa-Indhonesiah, para warga sami rujuk, dumugi jam 10.55, parêpatan katutup, nanging para warga lajêng sami nglajêngakên lalênggahan mirêngakên sêsorahipun B.K.P.H. Adiwijaya, ngantos dumugi jam 12.30 sawêg sami bibaran, wilujêng ingkang pinanggih.

Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Yuswa 72 Taun

Mugi dados panggalihanipun para putra santana saha kêkasih dalêm

Ing Darmakôndha basa Jawi ingkang mêdal nalika dintên Sêtu kaping 26 Juni 1936 ôngka 144 angêwrat panjurungipun sadhèrèk Ngèsthiarja, suraosipun amêdharakên pamanggihipun, ingkang supados nambahi kautamèning asma dalêm, murih para putra santana sagêd trawaca anggènipun sami anggalih, panjurungipun sadhèrèk Ngèsthiarja wau kula têdhak sungging kados ing ngandhap punika:

Miturut wara-waranipun panitra komisi pasamuan, Kangjêng Radèn Mas Arya Purwadiningrat, [Purwadi...]

--- 99 ---

[...ningrat,] benjing ing dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 21§ Punapa botên dhawah tanggal kaping 22/7-'67? Red. wulan Rêjêb punika, kalêrês dintên wiyosan dalêm taunan sahandhap ing sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, saha ing dintên wau yuswa dalêm têtêp 72 taun, kaparêngipun ing karsa dalêm badhe ngawontênakên pasamuan, dene manawi wontên para kawula santana abdi badhe adamêl pahargyan ngurmati wiyosan dalêm wau, kadhawuhan lapur angaturi uninga katur nagari, jujug kantor sèkrêtari, parlu badhe katata saprayoginipun.

Awit saking wontên wara-wara ingkang makatên punika, makatên ugi angèngêti utamaning panggalih dalêm, dados saking pangintên kula tamtu botên sakêdhik ingkang sumêdya badhe damêl pahargyan, amargi kajawi nama dipun wêngani, sayêktosipun sampeyan dalêm ingkang wicaksana dipun pahargya punika sampun mungguh sangêt, amargi tiyang limrah kemawon, umur 72 taun punika nama sampun angsal ganjaraning Pangeran, môngka tumrap sarira dalêm jumênêng nata, sugih putra santana, sugih mitra liyan praja nata ingkang agêng-agêng, dhasar panggalih dalêm namung sarwa utama, dados sawêga namung kaalapan barkahipun kemawon sampun pantês sangêt, mila kula inggih sagêd namtokakên, tamtu botên sakêdhik ingkang sami badhe mahargya.

Angèngêti jêjêring parlu anggènipun sampun kaparêng mêngani tumrap para badhe mahargya, têgêsipun ing ngriku punika kaparêngipun ing karsa dalêm anyambêt sih katrêsnanipun para kawula santana abdi, dados saupami jaman Kalimataya, kaparêng dalêm wau nêdya nyêbar dana kautaman: rèhning kados makatên supados saya anambahi utamaning panggalih dalêm, makatên ugi cocogipun kalihan jêjêring parlu, benjing wiyosan dalêm wau parlu sangêt andhawuhakên paring kautaman, tumrap ingkang dados panguwaos dalêm, upaminipun kados ta:

1. Maringi sudan ukuman ingkang wontên kagungan dalêm panti pidana.

2. Maringi pangapuntên para ingkang sami nandhang lêpat alit-alit, kados ta: manawi wontên abdi dalêm ingkang kalorot pangkatipun, suda balanjanipun, kaparingan ganjaran kawangsulakên kados lami malih.

3. Ganjar inggahing pangkatipun para abdi dalêm ingkang sampun labêt, saha

--- 100 ---

4. Angganjar para kawula ingkang nandhang kasangsara.

Kados makatên punika, têmtu badhe nambahi kontaping asma dalêm, saha ugi têmtu badhe amêwahi sugêng sêngganging sarira dalêm, ingkang sadaya para kawula santana abdi, têmtu badhe saya kasok sih sutrêsnanipun. Lampah kados makatên punika botên dadak ngèngêti lampahan ingkang têbih-têbih, kangjêng sri nata dèwi ing Nèdêrlan punika kemawon sabên wiyosan taunan, sampun tamtu maringi ganjaran kados atur kula ing nginggil, wontênipun bab punika ingkang kula tuju para putra santana saha para kinasih dalêm, amargi ingkang sagêd sambêt, utawi mirsa kawontênanipun ngandhap, gambaripun, upami sang nata dèwi anggènipun sabên-sabên paring sudanipun para paukuman, tamtunipun inggih botên uninga piyambak, botên sanès inggih saking dayanipun para ingkang sinampiran pangawasa, makatên punika têtêp rumêksa kaluhuranipun gusti ratunipun ingkang paring kawibawan, manawi para putra santana saha kêkasih dalêm botên sami kaparêng caos unjuk ingkang kados makatên, nama alahdene utawi kirang pantês kinathik panjênêngan ratu. Wusana sadhèrèk Ngèsthiarja namung sumôngga.

Môncawarni

Kula nuwun, sadèrèngipun kula ngaturakên panjurung cathêtan bab ingkang kula manah prêlu dados panglihanipun Narpawandawa, langkung rumiyin kula nyuwun pangapuntên dhatêng raka rêdhaktur, saha para maos sadaya, dene sampun sawatawis dangu kula botên kêkènjèr wontên ing organ Narpawandawa, amargi sawêg arungan pamanahan, ngantos botên wontên wêkdalipun kangge kêkènjèr wau, samangke wontên sêlaning wêkdal, kula prêlokakên manah bab-bab ingkang kula manah pantês kula sangsangakên wontên ing organ kita, kados ing ngandhap punika:

Ha: Bab pralenan, murih para warga pralenan sami botên kawratên, prayogi:

1. Botên mawi pasumbang saha botên mawi kontribisi, lajêng tumindakipun, sabên wontên warga ingkang tilar donya, pangrèhing pralenan tumuntên angubêngakên celengan dhatêng para warga, nyuwunakên kadarman sakaparêngipun (sakuwawinipun piyambak), celengan wau kakunci murih lopêr botên sagêd ambikak, dene sorogipun [soro...]

--- 101 ---

[...gipun] kaasta pangrèh.

2. Ingkang kangge baku kasipun pralenan, prayogi nyuwun subsidhi ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana, pangintên kula kathah kaparêngipun.

3. Panatanipun waragad dhatêng ingkang kasripahan, sasagêd-sagêd kêdah kairit, ugêr sampun nyêkapi kangge pangrukti (umum).

Pamanggih kula ing nginggil punika bokmanawi sampun kenging kagêm wawasanipun para kumisi pralenan.

Na: Bab Karangan paprentahan ratu, kawrat ing organ ôngka 3, manawi botên kalèntu panyuraos kula, wosipun kemawon kados mèrèkakên, rakyat kenging paos bêrahan, nanging golongan ningrat ngudi lêpat saking sêsanggèn wau.

Mênggah yêktinipun kadospundi, manawi golongan ningrat pancèn inggih lêpat sayêktos saking sêsanggèn wau, pamanggih kula prêlu Narpawandawa anggalih murih sêsanggèn paos bêrahan punika nun inggih botên katumrapakên dhatêng rakyat kemawon, amargi ningrat kalihan rakyat punika mênggahing pêrsunipun inggih sami dados kawulanipun praja.

Ca: Gêgandhengan kalihan kuwajibanipun Narpawandawa, ambudi murih luhuripun panjênêngan nata, saha karaton dalêm, bokmanawi Narpawandawa inggih prêlu anggalih tatanan-tatanan ingkang sapunika pêcah-pêcah wawênangipun, inggih punika bab kawontênanipun kas dhusun sabawah dalêm ing Surakarta.

Kauningana, kas dhusun punika arta ingkang asilipun saking wulu pamêdaling dhusun, upaminipun: wontên siti sabin ingkang komplang, dèrèng katampèkakên dhatêng tiyang ing dhusun ngriku, punika pawêdalipun sabin wau lajêng malêbêt dhatêng kas dhusun, sarta sanès-sanèsipun. Kathah rêrigênipun para priyayi pangrèh praja ingkang sagêd dados kaskayanipun kas dhusun, dene tumanjanipun inggih mligi kangge kaparluan dhusun, upaminipun: kangge sakolahan, babang. dhusun sarta sapanunggilanipun. Inggih punika ingkang kula wastani pêcah-pêcahing wawênang, amargi kas dhusun punika botên kenging katanjakakên sanès-sanèsipun, kajawi kaparluan dhusun, prayogi kula prêlu dipun salini nama sanès kas dhusun, nanging kas praja (stadskas) makatên ugi kas nagari inggih dipun salini kas praja. [pra...]

--- 102 ---

[...ja.] Kawontênanipun sapunika arta kas dhusun wau sumimpênipun wontên ing kridhit bang Surakarta, lampah makatên punika supados kas dhusun sagêd saya mindhak asilipun, sarèhning nagari sampun sawarni kagungan bang Jawi, inggih punika bôndha lumaksa, pamangih kula punapa botên prayogi arta kas dhusun wau sumimpênipun wontên ing bôndha lumaksa. Wondene pigunanipun:

1. Sagêd ngindhakakên kêkiyataning bôndha lumaksa.

2. Sampun tamtu langkung gampil pamêndhêtipun, samasa parlu kangge kabêtahan dhusun, tinimbang wontên ing kridhit bang, amargi kacariyos mêntas wontên kêdadosan, salah satunggalipun wadana dhistrik, ingkang dunungipun kalihan kantor kridhit bang Surakarta watawis 32 K.M. mêndhêt arta kas dhusun ingkang sumimpên wontên ing kridhit bang wau ngantos rambah kaping kalih, dèrèng sagêd nampèni, amargi pamirêng kula cap jêmpolipun kapala dhusun kirang sae (kirang cêtha) nanging kosokwangsulipun bilih nglêbêtakên arta, sanadyan kirang cêtha inggih lajêng kapuwung. Jalaran manawi nagari tansah ngindhakakên sêsanggènipun para kawula, sabab dening kêkirangan arta, saèstunipun inggih botên prayogi, sarta pêcah-pêcahing wawênang babagan arta punika nun inggih damêl sudaning kaluhuran dalêm.

Sadhèrèk rêdhaktur, manawi pamanggih kula ing nginggil punika kagalih botên sambêt kalihan kawajibanipun Narpawandawa, bab anjagi kaluhuran dalêm saha karaton, kula suwun, organ punika kaaturna dhatêng bale agung, bokmanawi sagêd dados panggalihan.§ Prayogi. Red.

Ra: Ngèngêtakên pursêtèl kula rumiyin, bab anggènipun Narpawandawa kaparêng dados lêlantaranipun para santana dalêm ingkang nyuwun pandamêlan dhatêng kagungan dalêm ondêrnèmêng, dumugi sapunika kula dèrèng nate maos pêrslah, punapa sampun wontên ingkang sagêd têtampèn. Sanadyan sêrat wangsulanipun bêhir dhêr ondêrnèmêng kagungan dalêm inggih sampun sami kapacak wontên ing organ Narpawandawa, ingkang suraosipun nyanggêmi bilih wontên lowongan pandamêlan badhe mêndhêt para santana dalêm, nanging pamanggih kula langkung prayogi katakèkakên malih.

Sampun samantên rumiyin.

S. Sasra Sugônda

Cacriyosan Lampahanipun Sudagar ing Basorah

Sambêtipun organ ôngka 6.

Awit saking kodrad, iradatipun Pangeran, ing sanalika punika ugi pawèstri wau pêjah dhumawah ing siti wontên sangajênging têtiyang ingkang sami nglêmpak wontên ing ngriku. Têtiyang wau sami kagawokan aningali lêlampahan ingkang makatên punika. Jaksa nuntên dhawuh nyêpêng juragan wau, lajêng andhawahakên karampungan, juragan katêtêpakên tampi paukuman ranjam, jalaran ambedhang pawèstri semahipun tiyang sanès, tur mawi kaplajêngakên. Karampungan inggih lajêng katindakakên, juragan dipun balangi sela ngantos dumugi sapêjahipun, juragan pêjah siya-siya kaêtutakên ing nama ingkang nistha utawi asor. Sadaya barang darbèkipun karampas, kaaturakên dhatêng nagari, kalêbêtakên dhatêng bètulmal, wontên ingkang lajêng kaparingakên dhatêng sudagar neneman wau. Wondene baitanipun kapasrahakên dhatêng pinisêpuhipun baita wau dados darbèkipun.

Dumugi samantên cariyosipun lêlampahanipun sudagar ing nagari Basorah, nêtêpi ungêling paribasan, sapa salah, sèlèh, punika sayêktos, mênggahing kawontênan ing donya punika, pundi ingkang botên sagêd angsal karampungan saking pangadilan ing donya, adatipun sagêd angsal karampungan saking Gusti Allah. Dhumawahing karampungan utawi paukuman, tarkadhang enggal, tarkadhang lami. Tarkadhang dipun tampèni ing tiyang ingkang nglampahi kalêpatan piyambak, tarkadhang (saking laminipun) dipun tampèni anak putunipun, môngsa dhumahing paukuman ingkang makatên wau miturut sakarsanipun Gusti Allah, botên miturut kajêngipun manungsa, makatên ugi warnining paukuman inggih miturut sakarsanipun Gusti Allah. Tamtunipun sagêd trêp kalihan takêring kalêpatanipun, sampun botên kenging dipun pokruli. Samantên anggènipun sudagar neneman anglabuhi dhatêng semahipun, labêt saking trêsnanipun sangêt, ngantos kadugi nambêlakên umuripun sapalih, ewadene sarêng semahing sudagar neneman wau dipun piluta ing sanès, satêmah kengguh, dening melik barang kang mêlok, ngantos supe dhatêng Pangeran ingkang asipat uninga, lan adil, mila sarêng kyai sudagar têmên-têmên panuwunipun, Pangeran ingkang asipat mirah lan asih kaparêng ngadili, sintên ingkang salah kêdah sèlèh, [sè...]

--- 104 ---

[...lèh,] wusananipun èstrining kyai sudagar wau lajêng kinukut jiwanipun. Amung sarèhning kawontênan ing donya punika kêdah wontên têtimbanganipun, dados sanadyan namung cacriyosan, inggih dipun wontêni kosokwangsulipun wau, tumrapipun para putri ingkang sami nêdya anggayuh utami, prayogi sangêt aniru lêlabuhan Dèwi Sawitri, putrinipun Sang Prabu Aswapati, nata ing nagari Madras, mênggah ringkêsing cacriyosan kados ing ngandhap punika:

Dèwi Sawitri

Ing nguni wontên narendra bôngsa Madras, ambêgipun utami, saha rêmên ngêgungakên apura, botên kêndhat-kêndhat pisungsungipun dhatêng para brahmana. Sang prabu têtêp dhatêng sêsanggêman, sampun ugulan indriyanipun, utawi tabêri sêsaji, sangking agênging dahananipun, mila ngantos sinêbut: Sang Prabu Sariradana, sarta sinungkêman para kawula. Ratu ingkang misuwur ing jagad wau, jêjuluk Prabu Aswapati. Amung kuciwanipun, sang prabu dèrèng kagungan wiji, ingkang damêl widadaning darahipun. Mila dupi saya sêpuh, sang prabu saya prihatos, sangking sruning prihatosipun wau, ingkang mêksa sang prabu martapa dhatêng wana, kadi sacaraning para brahmacarya, dene ingkang kagayuh sagêda tuwuh wijinipun, murih botên kapunggêlan turun. Salêbêtipun tapa, sang prabu rintên dalu botên kêndhat-kêndhat sêsajinipun, sarwi ngucapakên môntra panglinggamurda ing Bathari Sawitri.§ Bathari Sawitri punika garwanipun Hyang Brahma, pêparapipun Bathari Gayatri. Sarêng anggènipun martapa angsal wolulas warsa, Bathari Sawitri ngejawantah dhatêng marcapada, ngatingali dhatêng Prabu Aswapati, katingalipun kados mêdal saking latu sêsaji, kalihan pasêmon ingkang mratandhani rêna ing galih, sang bathari ngandika: hèh, kaki Prabu Aswapati, ingsun rêna nguningani kabèh lêkasira sajrone ana ngalas, kaya ta: têtêpira marang sêsanggêmaning Brahma Carya, kasukcèn sarta bêktinira marang para dewa, mula kaki prabu, sira sun wênangake darbe panjaluk, mêsthi ingsun pituruti, awit salawas-lawase sira ora tau murang saka dalan utama. Atur wangsulanipun Prabu Aswapati: sangking anggèn kula badhe nêtêpi utamining gêsang, ngantos nêmaha nglampahi makatên punika. Dhuh, Hyang Bathari, manawi kula dipun parêngakên darbe panyuwun, mugi kula dipun parêngna ngundhuh wohing salakirabi. Miturut pangandikanipun para wicaksana, [wica...]

--- 105 ---

[...ksana,] tiyang sêsuta punika nugraha agêng piyambak, tumrapipun tiyang wontên ing marcapada. Dhawuh wangsulanipun Bathari Sawitri: hèh, kaki Prabu Aswapati, sajatine ingsun ora kasamaran marang karsanira mau, mula kaki prabu, praptaningsun iki, wigati matêdhakake nugrahane Hyang Brahma marang sira, apa èsthinira bakal katurutan, yaiku sira bakal sêsuta wanodya warna sarta kasukcène linuwih. Marmane aja sumêlang, sarta nuli balia marang karatonira. Dupi sampun kèndêl anggènipun ngandika Bathari Sawitri, Prabu Aswapati mangkurêp ing siti sarwi matur: mugi pangandikanipun sang bathari wau kasêmbadana. Samusnanipun Bathari Sawitri, Prabu Aswapati kondur dhatêng kadhatonipun. Botên watawis dangu sangking konduripun, pramèswarinipun Prabu Aswapati, ingkang sêpuh piyambak, ingkang ambêk bakti, punika lajêng anggarbini, sarêng anggènipun anggarbini wau sampun saya sêpuh, saliranipun putri ing Malawa (pramèswarinipun prabu ingkang sêpuh piyambak) katingal linimputan ing sorot kadi prabaning rêmbulan, inggih punika soroting bêbayi panjanmaning widadari, ingkang taksih wontên ing guwa garbaning ibu, dumugining lèkipun, putri ing Malawa ambabar mijil putri, paningalipun sumorot. Prabu Aswapati têtungguling para ambêg utami, sangêt suka sokur ing dewa, saha lajêng damêl wiwahan anut sapitêdahing agami. Dene putri nata ingkang nêmbe miyos wau, sinung nama Sawitri, awit saking karsanipun sang prabu, ingkang sampun dipun idèni brahmananing praja minôngka pangèngêt-èngêt, bilih kalampahanipun sang prabu kagungan putra, sangking manêmbah saha kadhawuhan Bathari Sawitri. Sarêng sang dèwi saya agêng saya wimbuh sulistyanipun, misuwur ing akathah, Dèwi Sawitri punika panjamanipun Bathari Sri. Taksih wontên sambêtipun.

Isining Organ Punika:

1. Pèngêtan parêpatan agêng taunan Narpawandawa ... kaca 95 | 2. Sampeyan dalêm ingkang wicaksana yuswa 72 taun ... kaca 98 | 3. Môncawarni ... kaca 100 | 4. Cacriyosan lampahanipun sudagar ing Basorah ... kaca 103 | 5. Pananggalan | 6. Sultan Agungan.