Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1936-08, #409

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1936, #409
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1936-01, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #321.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1936-02, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #507.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1936-03, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #508.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1936-04, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #509.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1936-05, #409 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #510.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1936-06, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #511.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1936-07, #409 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #512.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1936-08, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #513.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1936-11, #409 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #514.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1936-12, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #515.

Ôngka 8, Agustus 1936

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran - Surakarta. 1536 ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO '36. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasradipraja, Kapatihan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Golongan sèkrêtari

Ôngka 888 A/1/I

Turunan

Bab Wisudhan

Dhawuhipun pêpatih dalêm dhumatêng ... nalika ing dintên Kêmis tanggal kaping 5 Rabingulakir Alip 1867 punika, wontên wiyosipun dhawuhing timbalan dalêm, sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, kaparêngipun ing karsa dalêm, garwa dalêm paminggir Radèn Ayu Rêtna Purnama, kakarsakakên dados lurahipun garwa dalêm paminggir, kapatêdhan nama Kangjêng Bandara Radèn Ayu Rêtna Purnama, lêlinggihanipun anyêpuhi garwa dalêm paminggir ingkang sêpuh piyambak Radèn Ayu Tejarukmi, kalilan ngangge lopak-lopak jêne, sarta

--- 108 ---

kapatêdhan salin songsong sagara muncar. Awit saking punika lajêng kadhawuhan andhawuhakên sakarerehan, supados sami sumêrêp.

Kantor Kapatihan kaping 30 Juni 1936.

Wg. Purwadiningrat.

Golongan sèkrêtari

Ôngka 867 A/1/I

Turunan

Bab Abdi Dalêm Prajurit Kadhawuhan Mangangge Ijêm

Dhawuhipun pêpatih dalêm, dhumatêng ... awit saking nawala dalêm amarêngi ing dintên Salasa tanggal kaping 3 wulan Rabingulakir taun Alip 1867, wiwit sapunika kaparêngipun karsa dalêm, abdi dalêm prajurit ingkang ngiringakên layonipun putra santana sarta abdi dalêm jalêr èstri ingkang sampun pènsiun, kados ta: putra dalêm, pangeran putra santana, pêpatih dalêm, adipati sêdhamirah sapangandhap, saha abdi dalêm ingkang sampun kaganjar srinugraha ingkang sampun pènsiun, abdi dalêm prajurit ingkang ngiringakên wau kadhawuhan mangangge ijêm. Mênggah kaparêngipun karsa dalêm ingkang makatên wau jêjêripun botên anyuda pakurmatan, amung gêgandhengan kalihan pangiridan, salêbêtipun môngsa rêkaos punika. Awit saking punika lajêng kadhawuhan andhawuhakên sakarerehan, supados sami sumêrêp.

Kantor Kapatihan kaping 2 Juli 1936.

Wg. Purwadiningrat.

Kamajênganing Para Santana Dalêm

Miturut sêratipun komisi Kasatriyan katitimasan kaping 18 Juni 1936, ôngka 136 sakanthinipun, para warga sagêd anguningani kathah sakêdhiking biji-bijinipun para murid ing Kasatriyan saha Pamardi Putri, ingkang sami nêmpuh pandadaran (Toelatings examen) Milo, kados pratelan ing ngandhap punika.

--- 109 ---

Kajawi kasêbut ing nginggil, prêlu kawara-warakakên, bab pakabaran suwakipun kagungan dalêm pamulangan Pamardi Putri saha Pamardi Siwi, punika botên têmên, sarta kumisi piyambak ugi botên wontên panggalihan badhe nyuwak, mugi andadosna pariksa.

Kasêrat kaping 1 Agustus 1936.

Pangrèh.

[Grafik]

100% racak biji 817/28.

[Grafik]

--- 110 ---

[Grafik]

923% racak biji 7 9/16

Dados miturut pratelan ing nginggil, majêngipun para murid ing pamulangan Pamardi Putri dhawah langkung, tinimbang para murid ing Kasatriyan.

Bab Bôndha Pasinaon

Nuwun, kula matur sangêt nuwun dhatêng kumisi B.P.N.W. anggènipun sampun kaparêng minangkani paring jawaban dhatêng panyuwun kula sêsêrêpan bab tumindakipun B.P.N.W. kalihan gambêlang saha prasaja. Saha kumisi gadhah panêdha supados kula sagêd pêpanggihan kalihan kumisi, bok bilih kula taksih gadhah pamanggih ingkang murakabi dhatêng B.P.N.W.

Nuwun, mênggah kaparêngipun kumisi ingkang makatên punika prayogi sangêt, awit lajêng sagêd rampung pangrêmbagipun. Namung sarèhning dunungipun Sud punika saya têbih, sadèrèngipun pun Sud sagêd sowan dhatêng kumisi, kula parlu ngaturakên pamanggih kados ing ngandhap punika:

1. Sadaya ingkang taksih nyambut dhatêng B.P. dipun kalêmpakakên, dipun andhari (dipun paringi sumêrêp) mênggah mulabukanipun N.W. ngwontênakên B.P. saha katêrangakên parlu-parlunipun wontên bôndha pasinaon punika. Anggènipun nêrangakên ingkang ngantos mangêrtos sayêktos (bewust). Upami sadhèrèk Radèn Mas Sudarya ingkang kapatah nyulang- nyulangakên, bokmanawi sagêd lajêng cancut gumrêgud.

2. Manawi sampun makatên môngka dèrèng wontên indhakipun, utawi sajak botên kaparêng mangêrtos, lajêng nindakakên sêrat pêpèngêt (aanmanning).

3. Manawi anmanêng wau katindakakên kaping 2 mêksa mègèk kemawon, sampun botên ina malih. Cara Indhonesianipun apa bolih buwat, lajêng anindakakên punapa mêsthinipun, katagih mêdal pangadilan.

Dene êlêding tumindakipun satunggal-satunggaling anmanêng wau, dangu-dangunipun 7 dintên, mila makatên, manawi pancèn kaparêng sêtiyar yêktos, mêsthi sagêd.

--- 111 ---

4. Bab ambebasakên sambutan, botên parlu dipun wontênakên pranatanipun, awit manawi ing têmbe katingal sampun sagêd nicil sagêd katagih malih.

Nuwun para sadhèrèk warga N.W. saha para maos, tumindak kados ingkang kula aturakên punika manawi dipun sawang sak kêclapan, pancèn sajak tindak kalihan kêkêrasan. Saya manawi ingkang panggalih kongsèrphartib, mêsthi botên mêntala nindakakên kados andharan kula punika.

Nanging kadospundi malih, têtêping satriya punika kêdah nirnakakên piguna, nuhoni jangji, nêtêpi darmanipun. Ewadene manawi pamanggih kula punika ginalih kalèntu, kabêkta kagungan gêbêngan, bilih watêking satriya punika kêdah amung ngayomi thok, tanpa pangadilan punapa, kula sampun tarimah.

Amung manawi ngèngêti bakuning sêdya: anjagi wilujêng saha prayogining nagari tuwin karaton dalêm Surakarta Adiningrat, kados-kados sadaya para warga ingkang sami dêdalêm wontên ing kitha Sala mêsthi botên sami awrat ngurbanakên punapa kemawon ingkang sakintên sagêd adamêl gêsang suburipun bôndha pasinaon kita Narpawandawa (B.P.N.W.).

Wasana tutuping andharan punika, mugi pangrèh kita N.W. kaparênga lajêng tumut anggalih bab punika.

Kasêrat kaping 7 Juli 1936.

Sud.

Nyuwun Sêsêrêpan

Nuwun, manawi wontên papanipun kaparênga raka rêdhaktur anangsangakên panyuwun kula wontên ing kalawarti Narpawandawa. Bokmanawi wontên para maos ingkang kataman lajêng sagêd manggalih mupung nama dèrèng katalompèn, sokur bage sèwu andadosakên panggalihanipun ingkang wajib. Atur panyuwun kula wau mêsthi badhe andadosakên gumujênging para maos, kabêkta saking cupêting pamanahan kula, sanadyan makatêna mêksa kula têmah, ing pangangkah bokmanawi wontên ingkang kaparêng maringi sêsuluh, wondene kodhênging manah kula wau kados ing ngandhap punika:

--- 112 ---

Awit saking pikukuh katitimangsan kaping 15 April 1936 ôngka 20 C/5/I kula kakarsakakên dados abdi dalêm carik, ondêr dhistrik ing Sumbêrlawang. Kaparingan nama lêstari Mas Prawirakarsônta. Ing suwau paringipun sêsêbutan mas punika botên patosa kula manah, jêr pancèn amung saabdi dalêm carik, nanging sampun kalimrah abdi dalêm ingkang kawisudha, kaingsêr sasaminipun, sami kaêwrat ing sêrat kabar nagari. Samêdalipun sêrat kabar nagari ingkang ngêwrat wisudhan punika, kula lajêng tampi pitakenan saking para sanak sadhèrèk ingkang sami lêngganan sêrat kabar wau saha sami suka pamrayogi, supados nyuwun sêsêbutan: radèn, kalampahan kula pacak atur lumantar kaondêran Sumbêrlawang, nyuwun pikukuh ampilan kula wau kasantunan sêsêbutan: radèn, awêwaton sêrat pikukuh ampilanipun bapa kula, santana canggah dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 3, kawrat ampilanipun pikukuh katitimasan kaping 23 Nopèmbêr 1929 ôngka 4 C/1/I ingkang turunanipun kula lampirakên paturan kula wau. Wusana lumantar parentah kaondêran Sumbêrlawang kula kaparingan sumêrêp dhawuh nagari ingkang turunanipun kados ing ngandhap punika.

Golongan paprentahan praja lan pangadilan.

Ôngka 1236/C.5/I

Bab Prawirakarsônta.

Dhawuhipun pêpatih dalêm dhumatêng abdi dalêm bupati ing Sragèn, sêrat paturan katitimangsan kaping 9 Juli 1936 ôngka 1768/24A/I sakanthinipun sampun kauningan, bab anggèning Prawirakarsônta, carik ondêr dhistrik ing Sumbêrlawang, nyuwun ewahipun sêsêbutan dados radèn, punika sarèhning turunan pêrklarêng ingkang kaladosakên wau kangge tiyang sêpuhipun, ingkang pèngêtan nagari sêpên, mila Prawirakarsônta sadèrèngipun angsal pêrklarêng saking parentah bilih taksih anggadhahi sêsêbutan radèn, sêsêbutanipun dèrèng kaparêng ngewahi, lajêng kadhawuhna, dene turunanipun pikukuh kaparingakên wangsul sarêng punika.

Kantor kapatihan kaping 13 Juli 1936.

W.g. Kartadipura.

--- 113 - --

Para maos, krêntêging manah kula babar pisan, botên badhe nyaruwe sêrat dhawuh nagari, dêstun namung tansah kêdah kula èstokakên, nanging ambokmanawi kirang gaduging pamanahan kula, kadospundi anggèn kula badhe ngèstokakên sêrat dhawuh wau, mêdal pundi lampahipun, namung kèndêl ewuh-aya. Jalaran lajêng thukul pamanahan kula ingkang botên-botên, punapa pêrklarêngipun (bokmanawi pikukuh) bapa kula wau palsu.§ Hêm, kok inggih anèh. Red. Nanging manawi nitik kawontênan punapa malih mawi tanggal saha ôngka, bokmanawi botên, kula kadhawuhan nyuwun pêrklarêng dhatêng parentah, punika parentah ing pundi, jalaran panyuwun kula wau sampun lumantar parentah ondêr dhistrik, punapa kaparêngipun nagari wau kula kadhawuhan nyuwun sarana prabeya kados sacaranipun anaking warèng sapiturutipun, kados pranatan enggal.

Tutuping atur kula matur nuwun dhatêng raka rêdhaktur anggènipun sampun maringi papan, punapa malih kula matur nuwun dhatêng sintêna ingkang kaparêng maringi sêsuluh.

Sumbêrlawang 20 Juli 1936.

Prawirakarsônta. (Warga ôngka 526)

Dèwi Sawitri

Sambêtipun organ ôngka 7

Sêmunipun jagad kablêrêngên dening sulistyaning warninipun sang dèwi, katôndha dupi sang dèwi wau sampun diwasa, mêksa botên wontên narendra, tuwin putraning nata, ingkang ngêbun-êbun enjing anjêjawah sontên dhatêng sang dèwi, ucaping akathah: ayak mung para dewa, kang pantês dadi garwane Dèwi Sawitri. Nuju satunggaling dintên marêngi wanci parwa§ Wanci parwa punika dintên sukci ingkang kêdah kawiwaha, limrahipun marêngi wulan purnama.

Dèwi Sawitri nglowong, sasampunipun dhahar sêsukci, lajêng manêmbah ing dewa, mawi pambiyantunipun para brahmana. Saparipurnaning manêmbah, sêkar ingkang mêntas kasajèkakên ing dewa wau, lajêng kabêkta marak ingkang rama, sasampunipun ngaras pada sang dèwi ngaturakên sêkar wau, sarta lajêng lênggah ing ngiringaning rama, kalihan angapurancang. Kados punapa trênyuhipun sang prabu, dupi wuninga putrinipun ingkang pindha widadari kaswargan wau, dene sampun wanci nambut silaning akrami, môngka

--- 114 ---

dèrèng wontên ingkang ngêbun-êbun enjing anjêjawah sontên, sangking sruning wêlas, sang prabu ngantos kawiyos pangandikanipun: Sawitri, dosa ingatase bapa, yèn ora nuli mikir anake kang wus diwasa, nanging wruhanira nini, sêmune para satriya sulap dening kaluhuranira, dadi ora wani nglairake panêmbunge marang jênêng ingsun. Awit saka iku, Sawitri, sira sun wênangake milih êndi priya kang nêdya sira sungkêmi padane. Nini, si bapa kang bakal minangkani, ugêr ingsun rasa wus prayoga dadi guru lakinira, awit sumurupa Sawitri, miturut pangandikane para wicaksana, dosane bapa kang ora nuli nglakèkake anake wadon kang wus diwasa, iku ora olèh ngapura. Apadene laki kang ora mêruhi somahe, yèn nuju tuwuh wijine, iku bakal nêmu pakewuh gêdhe, mangkono uga anak lanang kang ora ngopèni biyunge yèn wis dadi rôndha, iku bakal nandhang papa salawase, sarèhne samêngko sira wus ngrungu pitutur ingsun kabèh mau, mulane Sawitri nuli ngupayaa jatukrama, mung kang ngati-ati aja kongsi kêna siku dhêndhaning bathara. Sasampunipun ngandika makatên wau, Prabu Aswapati dhawuh dhatêng têtungguling nayaka, supados nata para nayaka, tuwin wadya alit-alit ingkang sayogi andhèrèkakên sang dèwi. Botên dangu sampun mirantos sadaya, sang prabu ngandika dhatêng putrinipun: mara nini, nuli mangkata. Dèwi Sawitri ngaras pada sarwi sêmu rikuh, sarta lajêng pangkat ngèstokakên timbalanipun ingkang rama. Sêkaring kadhaton Widarba (Dèwi Sawitri) tindakipun wahana rata kancana, ingkang andhèrèkakên nayaka sêpuh-sêpuh. Pundi dhepoking pandhita tamtu dipun ampiri. Sang dèwi botên kêndhat-kêndhat ngabêkti para tapa, saha anjajah wana tuwin pratapan, ing pundi anggènipun kèndêl, sang dèwi lajêng nyêbar dana warni rajabrana tuwin sandhang têdha. Konduripun Dèwi Sawitri punika ingkang rama nuju manggihi Maharsi Narada, mila sang dèwi enggal nguswa padanipun sang maharsi, sasampunipun binarkahan, sang dèwi ngabêkti ingkang rama, lajêng lênggah ing ngiringan kapara wingking. Ing nalika wau sang maharsi ngandika: Kaki prabu, putrinira iku kaya mêntas lungan, dene didhèrèkake para nayaka tuwa pira-pira. Saka pamawas ingsun, Sawitri kaya wus pantês nambut silaning akrama, mulane kaki prabu bêcik nuli pikramakna. Aturipun Prabu Aswapati: dhuh, maharsi sêsêmbahan kula, dhatêngipun Sawitri punika sangking mêntas nglêksanani pakèning bapa [ba...]

--- 115 ---

[...pa] ngupaya priya ingkang sayogi dados guru lakinipun, mila pukulun, prayogi dipun dangua piyambak, sintên priya ingkang dipun pilih. Sasampunipun sang prabu matur makatên wau dhatêng Maharsi Narada, Prabu Aswapati nolèh putrinipun, sarwi ngandika: mara nini matura kang salêsih marang sang maharsi. Dèwi Sawitri ingkang sangêt bêkti dhatêng ingkang rama, sadaya dhawuhipun punika dipun anggêp dhawuhing dewa, mila sang dèwi nêmbah lajêng matur. Ing praja Salwa wontên narendra darahing satriya ambêg utami, jêjuluk Prabu Dyumatsena, awit saking cidraning mêngsah, sang prabu lajêng wuta paningalipun, nanging sinung darajat kawicaksanan, sasampunipun wuta, prajanipun dipun gêbag prang, sang prabu kasoran, lolos saking praja, kadhatonipun dipun êjègi mêngsahipun, inggih punika prêpatipun Praja Salwa kemawon. Wêdalipun sang prabu sangking kadhaton, kadhèrèkakên pramèswarinipun, kalihan ambopong putranipun taksih timur, mila samargi-margi tansah rêreyongan. Sadumugining wana sang prabu lajêng martapa. Dados putranipun Prabu Dyumatsena wau miyosipun wontên kadhaton, nanging lajêng dipun gulawênthah kadi putraning para tapa, wontên ing dhepok têngahing wana. Rajaputra wau samangke sampun diwasa, rama prabu, inggih punika priya ingkang kula pilih. Kula prasêtya botên badhe nambut silaning akrama, manawi botên antuk putranipun Prabu Dyumatsena wau. Hyang Rêsi Narada nyambêti pangandika: Iya kaki prabu, ingsun wus wêruh jêjaka iku aran Satyawan, anggone milih iku bokmanawa Sawitri durung wêruh kaanekaanane. Satyawan. Prabu Dyumatsena lan pramèswarine iku sêtya tuhu ing wacana, mangkono uga Satyawan,§ Wrêdinipun Satyawan, kang têmên. dhèk isih cilik, dhêmên bangêt marang jaran, sabên dina gawe rêca jaran lêmpung, barêng saya gêdhe banjur dhêmên anggambar jaran, mula banjur diparapi Si Citrasa,§ Wrêdinipun citrasa punika tukang gambar jaran. sakèndêlipun Rêsi Narada, sang prabu matur: Satyawan ingkang bêkti dhatêng tiyang sêpuh, punika punapa sinung kasêktèn, lantip, kêndêl sarta rêmên ngêgungakên apura. Dhawuh wangsulanipun sang rêsi: Satyawan sêkti kaya srêngenge, wicaksana kaya Bathara Wrihaspati, kakêndêlane kaya Bathara Endra, sarta dhêmên ngapura kaya bumi. Prabu Aswapati matur malih: pukulun, punapa [puna...]

--- 116 ---

[...pa] Satyawan luhur ing budi, bêkti dhatêng para brahmana. Saha punapa warninipun bagus, singêr, utawi ngrêsêpakên manah. Pangandikanipun Maharsi Narada: putrane Prabu Dyumatsena, iku blabane kaya Prabu Rantidewa, putrane Prabu Sankrêti, sêtya tuhu ing wacana, bêkti marang para brahmana, guwayane mancorong kaya rêmbulan, yèn baguse kaya Bathara Aswin, sadu budi, rumêsêp marang mitra, sabar, susila. Para tapa sarta para wicaksana ngarani yèn Satyawan iku titi marang wêweka, kaluwihane kabèh mau kêna katitik anèng alise. Mirêng pangandikane Maharsi Narada makatên wau, Prabu Aswapati lajêng matur: pukulun, sampun kasaenanipun kemawon ingkang kadhawuhakên, manawi Satyawan pancèn wontên kuciwanipun, dipun pangandikakna pisan, Rêsi Narada mangsuli pangandika: kuciwane mung saprakara, nanging bisa nyilêp kautaman, sarta kaluwihane kabèh mau, kawruhana kaki prabu, Satyawan ora widada uripe, karana sêtaun saka dina kalênggahan iki, Satyawan nêmahi pati. Rikala Prabu Aswapati midhangêt pangandikanipun Rêsi Narada makatên wau, lajêng nolèh putrinipun, sarwi ngandika: sira ngrungu dhewe pangandikane sang maharsi, lara, mulane nini, bêcik miliha priya liyane bae. Awit nadyan mung saprakara kuciwane Satyawan, nanging bisa nyirnakake kaluwihane kabèh mau. Mirêng pangandikanipun ingkang rama makatên wau, Dèwi Sawitri nêmbah lajêng matur: dhuh, kangjêng rama prabu, sasêmbahanipun Sawitri, tiyang ing dalêm sapanggêsangan, punika amung sapisan anggènipun pêjah. Anak èstri inggih amung sapisan anggènipun nglilihakên dhatêng priya, makatên ugi bapa inggih amung sapisan anggènipun mungêl: aku nglilakake anakku wadon marang kowe. Makatên ucaping bapa nalika masrahakên anakipun èstri wêkdal laki sapisan. Dhuh, narendra pinunjul ing bumi, tigang warni wau sapanggêsangan amung kalampahan sapisan,§ Pikajêngipun: sabên sampun kalampahan sampun botên kenging kajabêl malih. awit saking punika rama prabu, kula ugi botên badhe milih kaping kalih, karantên kêncênganing manah, ingkang sampun kalair wontên ing wicantên, punika wajib dipun kurêpi, rama prabu. Maharsi Narada nyambêti pangandika: sira môngsa bisaa nyimpangake putrinira saka dalan utama. Taksih wontên sambêtipun.

--- [117] ---

Pratelan Kawontênanipun Dintên Sae

Sambêtipun organ ôngka 6.

I. Ing salêbêtipun wulan Jumadilawal, wontên:

1. Tanggal kaping 6 utawi kaping 25 Juli, Sabtu Lêgi, Hyang Uma, Mawulu, dadi, sri tumurun ing lêsung, bumi kapêtak, lakuning rêmbulan, mantri sinaroja, sangatipun wiwit jam 1.12 siyang, dumugi jam 3.36 Yusup, slamêt.

2. Tanggal kaping 12 utawi kaping 31 Juli, Jumungah Paing, Sinta, Hyang Brama, Mawulu, gigis, tunggaksêmi, lakuning srêngenge, mantri sinaroja, sangat wiwit jam 6 enjing, dumugi jam 8.24, Jabrail rijêki, utawi wiwit jam 3.36 siyang, dumugi sadalu pisan, Amad, slamêt.

II. Ing wulan Jumadilakir, suwung Anggara Kasihipun.

III. Ing salêbêtipun wulan Rêjêb, wontên:

1. Tanggal kaping 5 utawi kaping 21 Sèptèmbêr, Sênèn Wage, Julungwangi, Hyang Endra, paningron, dangu, wasesa sagara, lakuning gêni, sanggar waringin, sangat wiwit jam 10.48 siyang, dumugi jam 1.12 Jabrail slamêt.

2. Tanggal kaping 11 utawi kaping 27 Sèptèmbêr, Ngahat Kaliwon, Sungsang, Hyang Uma, paningron, tulus, lêbu katiyup ngangin, lakuning lintang, mantri sinaroja, sangat wiwit jam 1.12 dumugi jam 3.36 Yusup slamêt.

Kabar saking Pangrèh

Parêpatan pangrèh Narpawandawa kala Sênèn sontên kaping 27 Juli 1936, amutus, benjing tingalan dalêm tumbuk yuswa 72 taun ngajêng punika, 1. Para warga Narpawandawa saha garwanipun Putri Narpawandawa sami sowan ngabyantara nata, ngunjukakên kasugêngan dalêm, 2. Damêl kêndhuri dipun kêpang para warga kakung saha putri, 3. Ngêdalakên buku pangèngêt-èngêt (Jubileum nummer) organ wêdalipun ing wulan Oktobêr botên kawêdalakên, dene bab sanès-sanèsipun sawêg dados pamanahan, têrangipun ing têmbe badhe kawara- warakakên.

Kaping 1 Agustus 1936.

Isining Organ Punika:

1. Bab wisudhan ... kaca 107 | 2. Abdi dalêm prajurit kadhawuhan mangangge ijêm ... kaca 108 | 3. Kamajênganing para santana dalêm ... kaca 108 | 4. Bab bôndha pasinaon ... kaca 110 | 5. Nyuwun sêsêrêpan ... kaca 111 | 6. Dèwi Sawitri ... kaca 113 | 7. Dintên sae | 8. Pananggalan | 9. Sultan Agungan.