Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1936-11, #409

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1936, #409
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1936-01, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #321.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1936-02, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #507.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1936-03, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #508.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1936-04, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #509.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1936-05, #409 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #510.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1936-06, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #511.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1936-07, #409 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #512.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1936-08, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #513.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1936-11, #409 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #514.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1936-12, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #515.

Ôngka 11, Nopèmbêr 1936

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Wicaksana Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran - Surakarta. 1536 ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO '36. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasradipraja, Kapatihan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Turunan Dhawuhing Pangandika Dalêm

Asma Dalêm

Ingkang dhihin salam ingsun, dhawuha marang sira Pangeran Angabèi, wadananing putra santananingsun têngên, Pangeran Arya Kusumayuda, wadananing putra santananingsun kiwa.

Kapindhone, ingsun paring wêruh, panjênêngan ingsun anampani layange eyang kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur jendral, ing Indiya Nèdêrlan, Yonghir Mistêr Alidhiyus Warmoldhas Lambèrtus Cardha pan Sêtakkowêr, surasane eyang mau ngaturi uninga anggone dikarsakake dadi gupêrnur jendral ing Indiya Nèdêrlan, sarta layange eyang mau nyêbut panjênêngan ingsun ingkang sinuhun ingkang minulya saha ingkang wicaksana kangjêng susuhunan.

--- 136 ---

Kang iku ing saiki kaparênging karsaningsun, sira sarta putra santananingsun, manawa nyêbut asmaningsun kamot ing layang: sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha ingkang wicaksana kangjêng susuhunan, dene manawa nyêbut cêkakan kanggo pacalathon, sampeyan dalêm ingkang minulya ingkang wicaksana, banjur dhawuhna warata marang putra santananingsun kabèh.

Dhawuhing timbalan dalêm, ing dintên Sêtu tanggal kaping 24 wulan Rêjêb, ing taun Alip, angkaning warsa 1867.

Turunan

Katur pangarsaning komite narendra tama

Nuwun, sarèhning kaparênging karsa dalêm, benjing sowan ngabyantara nata ngajêng punika, ingkang kaparêngakên munjuk ing sampeyan dalêm ingkang wicaksana, namung satunggal, inggih punika: pangarsaning narendra tama, mila pangrèh Narpawandawa kakung saha putri namung titip unjuk, kados ing ngandhap punika:

Mênggah sowanipun para pangrèh Narpawandawa kakung saha putri ing ngarsa dalêm punika, sapisan minôngka wakiling pakêmpalanipun angunjukakên kasugêngan dalêm, kaping kalih angunjukakên sêmbah sumungkêmipun, kaping tiga angunjukakên babêktèn pisungsung, ingkang saking pakêmpalan Narpawandawa kakung awarni têtunggilipun mawi dilah èlèktris, pikajênganipun: dilah utawi pandam, watêkipun amajari panggenan utawi kawontênan ingkang pêtêng. Wondene pisungsungipun Putri Narpawandawa awarni kasuran kagêm palênggahan dalêm, ing ngriku kajawi mawi asma dalêm, rêrêngganipun wapêning praja dalêm ing Surakarta, saha isthanipun wit waringin, minôngka pasêmon: awèt angayomi, amila manawi pisungsung kalih warni wau kakêmpalakên dados satunggal, maksudipun lajêng mahanani pamuji, mugi-mugi sampeyan dalêm ingkang wicaksana dinirgakna ing yuswa dalêm, sugêng, sênggang, sênêng, tuwin awèta dados pandam pangayomanipun saisining praja dalêm ing Surakarta Adiningrat.

Ingkang punika konjukipun ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, amborongakên pangarsaning komite narendra [nare...]

--- 137 ---

[...ndra] tama ingkang kapatah munjuk ing ngarsa dalêm.

Katur kaping 1 Oktobêr 1936.

Pangarsa, Wg. Suryaamijaya.

Panitra, Wg. Purwasastra.

[Iklan]

Dèwi Sawitri

Sambêtipun organ ôngka 9

Prabu Dyumatsena dalah garwa putra, saha para brahmana ingkang sami mêrtamu, sadaya sami rumaos sênêng saha mulya, awit sangking bêktinipun Dèwi Sawitri, nadyan sang dèwi kadi limrahipun para ambangun tapa, ingkang nêtêpi sêsanggêman awrat, têmahan sadaya sami kasok sihipun dhatêng sang dèwi, tuwin sami ngêla-êla. Dados wontênipun ing pratapan sang dèwi sakalangkung mulya, nanging ing batos manggung prihatos, awit tansah rinubeda dening èngêtipun dhatêng pangandikanipun Bathara Rêsi Naradha ingkang kawiyos wontên ing kadhatonipun ingkang rama.

Dupi sampun cêlak lan dintên ingkang kadhawuhakên Rêsi Naradha, bilih Satyawan badhe dumugi mangsanipun ajal, Dèwi Sawitri tansah metang dintên, sarêng sampun kirang [ki...]

--- 138 ---

[...rang] kawan dintên sangking badhe kalampahanipun, sang dèwi nglampahi sêsanggêman, triratya.§ Triratya punika, nglowong tigang dintên tigang dalu, awit tri ratya wau kalih têmbung kadadosakên satunggal, tri: tiga, ratri: dalu. Rikala Prabu Dyumatsena mirêng, manawi putri mantunipun nglampahi sêsanggêman triratya, enggal marêpêki lajêng ngandika sêmu ngarih- arih: nini, triratya iku ora ènthèng dilakoni tumrap wanita putrining ratu, sira anggayuh apa nini, si bapa bae kang nglakoni, supaya kalêksanan sêdyanira. Aturipun Dèwi Sawitri: dhuh, kangjêng rama, sampun sumêlang ing galih, kula rumaos botên awrat, nglampahi makatên, mila saèstu sagêd nêtêpi. O, rama sasêmbahan kula, têtela amung kakêncênganing manah, ingkang sagêd andumugèkakên sawarnining gêgayuhan. Prabu Dyumatsena ngandika malih. Ingsun ora wani ngucap: aja nglakoni mangkono nini. Awit bokmanawi akèh para tapa kang ora nayogyani, sira nglakoni mangkono. Prabu Dyumatsena lajêng botên ngandika malih: dene Dèwi Sawitri lêstantun anggènipun nglowong. Mila saliranipun katingal ngalêntrih, kuliting pasuryan jêne sêmu ijêm. Dupi kirang sadintên sangking dintên dumugining pêpêsthènipun Satyawan, saya gêtêr raosing panggalihipun Dèwi Sawitri, awit rumaos amung kirang sawatawis kemawon. Ing wanci enjing plêthèking srêngenge, inggih punika sabibaring manêmbah, tuwin sêsaji latu sukci, sang dèwi lênggah piyambakan, pangunandikaning panggalih: Dina iki têkane pêpêsthène. Sasampunipun anglocita makatên, sang dèwi lajêng marak ingkang rama marasêpuh, nalika punika Prabu Dyumatsena nuju lênggahan lan para brahmana, ingkang sami nunggil sapratapan. Sasampunipun nêmbah, sang dèwi lênggah asta ngapurancang, jôngga marikêlu, ing batos amung tansah èngêt dhatêng wêca cêcawanganing lêlampahan.

Prabu Dyumatsena ingkang wuta paningalipun, nanging sinung kawaskithan, sarêng priksa putri mantunipun marak, lênggahipun wontên pojoking suyasa, sang prabu ngandika: nini, dina iki wêkasane gonira anglakoni triratya, môngka sira wus nêtêpi sêsanggêman, dadi wus kêna mêmangan, mula bêcik nuli mangana. Atur wangsulanipun: lêrês enjing punika kula sampun kenging nêdha, nanging kêkêncênganing manah kula mangke manawi sampun sêrap surya kemawon, anggèn kula badhe nêdha.

--- 139 ---

Salêbêtipun Dèwi Sawitri matur makatên wau, Sang Satyawan katingal mêdal sangking padhepokan, mikul wadungipun, mila sang dèwi enggal marêpêki sarwi matur: sampun tindak piyambak, kula badhe andhèrèk. Wangsulanipun Sang Satyawan: yayi, dalan ing alas akèh curine landhêp-landhêp, luwih manèh kowe durung buka, mêsthine awakmu lungkrah, dadi rêkasa yèn mèlu mênyang alas. Aturipun Dèwi Sawitri: kula botên kraos lêsah, dêrênging manah namung badhe andhèrèk dhatêng wana. Dhawuhipun ingkang raka: dhuh, Sawitri bojoku, yèn kowe têmên arêp mèlu aku iya bungah, nanging kowe pamita kangjêng rama lan kangjêng ibu dhisik, dadi ora kêparan tutuh.

Sang dèwi nêmbah lajêng matur ingkang rama tuwin ibu marasêpuh, aturipun: rama, ingkang putra Sang Satyawan badhe ngupados wowohan dhatêng ing wana, mila manawi kangjêng rama tuwin kangjêng ibu marêngakên, kula badhe andhèrèk ingkang putra dhatêng wana, dintên punika awrat raosing manah, bilih katilar ingkang putra, langkung malih kesahipun wau, kajawi ngupados wowohan, ugi pados kajêng kangge sêsaji, mila mugi dipun parêngna. Kauningana rama, tiyang kesah kenging dipun pambêngi, nanging manawi kesahipun wau botên makatên wigatosipun, dhuh dewaji marasêpuh kula, sampun watawis sataun, anggèn kula botên mêdal saking karang padhepokan. Pramila kula kapengin ningali asrining wana, ingkang wêkdal punika mangsanipun kêkajêngan sami mradapa. Dhawuh wangsulanipun Prabu Dyumatsena: sasuwene dadi mantuningsun, sira durung tau darbe panjaluk, mula panjalukira pantês ingsun pituruti, iya nini, mèlua lakinira, mung aja ngribêdi anggone nyambut gawe, sarta aja kurang pangati-ati.

Dupi sampun linilan, Dèwi Sawitri lajêng andhèrèk ingkang raka dhatêng wana. Sang dèwi tutukipun mèsêm, nanging ing batos sangêt sumêlang, samargi-margi tansah mriksa kêkajêngan asri ingkang kapencokan pêksi mêrak. Sang Satyawan ngandika dhatêng ingkang rayi kalihan mèsêm: mara dulunên yayi, tlaga kang padha kêbak banyu bêning kae, sarta kêkayon kang padha abyor kêmbange iku. Nadyan pangandikaning ingkang raka wau kalihan têmbung manis arum, saha ngatak supados ningali asrining sêsawangan ing wana, nanging sasang. dèwi sampun botên tumingal sanèsipun, kajawi amung maspadakakên [maspa...]

--- 140 ---

[...dakakên]

sasolahbawaning raka, kanthi raos gêtêr, awit pangandikanipun Maharsi Narada Naradha. ing nguni tansah cumithak ing batos, nadyan nalika dipun pangandikani ingkang raka wau, Dèwi Sawitri ugi lajêng mangsuli: nanging ing batos amung ngèngêt-èngêt, wanci punapa badhe dhumawahing pêpasthènipun ingkang raka.

Sang Satyawan ingkang santosa baunipun, sakalihan ingkang garwa, sadumugining wana lajêng sami ngundhuh wowohan, sasampunipun kranjang wadhah wowohan kêbak, Sang Satyawan lajêng mrèthèl pang aking, saha madung kajêng agêng-agêng, mila kathah wêdaling karingêtipun, wasana karaos mumêt sirahipun, salira kraos lêsu, enggal nyêlaki ingkang garwa, sarwi ngandika: yayi, kagawa saka kêsayahên anggonku madung kayu, kongsi sirahku krasa mumêt, sarupaning balung, otot, lan jantungku krasa lara. Dhuh putri kang susila, rasane badanku lêsu kaya dilolosi, mulane yayi, dak turokne sadhela, awit awakku rumôngsa wus ora kuwat kanggo angglawat. Mirêng pangandikanipun ingkang raka makatên wau, Dèwi Sawitri enggal lênggah ing siti, sirahipun ingkang raka katumpangakên pangkonipun, kalihan raos rudah ingkang tanpa upami, sang dèwi tansah maspadakakên pasuryaning garwa, awit sang dèwi sampun andugi, bilih inggih wanci punika dhumawahing pêpasthènipun Sang Satyawan. Botên dangu saking pamapanipun, Sang Satyawan lajêng katingal sare, sami sanalika wau lajêng katingal wontên tiyang agêng inggil, panganggenipun sarwa abrit, jamang kancana rinêngga sêsotya, paraupanipun mawa prabawa sumorot kadi rêmbulan, kulitpun cêmêng, netra abrit, tanganipun nyêpêng tampar, sawanganipun singêr, ngajrih-ajrihi. Janma agêng inggil wau ngadêg sacêlakipun Sang Satyawan, kalihan botên kêdhèp-kêdhèp pamandêngipun. Dupi sampun waspaos anggènipun ningali dhatêng priya agêng inggil wau, Dèwi Sawitri kalihan sakalangkung ngatos-atos, anjunjung sirahing garwa, ingkang lajêng kasèlèhakên ing siti, wasana sang dèwi jumênêng kalayan sakalangkung gêtêr, sarta têmbungipun mêmêlas: pukulun, dupi kula priksa suwarni paduka, ingkang beda sangêt kalihan wujuding manungsa. Kula lajêng andugi, manawi pukulun punika isèn-isèning kaswargan. Dhuh, ratuning dewa, pukulun sintên sinambating wangi, saha wontên wigatos punapa, dene ngatingali jatêngdhatêng. jasat kula. Dhawuh [Dha...]

--- 141 ---

[...wuh] wangsulanipun Hyang Yama: Sawitri kang bêkti marang priya, lan antuk nugrahaning kasutapan. Mula sira bisa andulu para dewa, kawruhana Sawitri, ingsun iki Yama,§ Yama, wrêdinipun, anggèning mangrèh punika wêwaton anggêr-anggêr. dene praptaningsun ing kene, marga lakinira Si Satyawan, dina iki wus êntèk wêwangên pamanggone ana marcapada, mula uripe lakinira sêdya ingsun irup nganggo sarana tali iki. Rikala mirêng pangandikanipun Hyang Yama makatên wau, Dèwi Sawitri nêmbah sarwi matur: dhuh, ratuning dewa, sangking pamirêng kula, ingkang sami ngukut gêsanging manungsa punika, amung para kawula paduka, lajêng punapa wigatosipun, dene sarêng badhe ngukut gêsangipun laki kula, têka pukulun ngrawuhi piyambak ing ngriki. Kabêkta sangking anggènipun badhe damêl bingahipun sang dèwi, Bathara Yama mangsuli pangandika: rajaputra iki ambêke utama, rupane bagus, sarta sinung kaluwihan pira-pira, dadi ora patut upama kang mapag oncate saka marcapada, iku dudu jênêng ingsun dhewe. Sami sanalika wau, wontên cahya magana mêdal sangking badanipun Sang Satyawan, agêngipun sajêmpol asta, lajêng dipun tangsuli dhatêng Bathara Yama, sarana tangsul babêktanipun. Sawêdalipun cahya magana, saliranipun Sang Satyawan katingal pucêt, botên ambêgan, gumlethak wontên ing siti. Sasampunipun bêkta jiwanipun Sang Satyawan, Bathara Yama lajêng lumampah mangidul, Dèwi Sawitri tut wuntat, kalihan sakalangkung sungkawa. Dupi Bathara Yama priksa Dèwi Sawitri tut wuntat lajêng kèndêl, sarwi ngandika: Sawitri balia, banjur ngruktènana kunarpane lakinira, dadi sira wus ngrampungake kawajiban tumrap priyanira, anggonira kêkinthil salakuningsun wus têkan ing dunung kang ora kêna diambah ing manungsa. Atur wangsulanipun Dèwi Sawitri: ing pundi purugipun laki kula, saèstu kula tut wuntat, mila sanadyan paduka kabêktaa dhatêng ing pundi kemawon, kula botên kadugi kantun, makatên wau kawajibanipun pawèstri sae dhatêng priyanipun, sampun saèstu botên wontên pangwasa ingkang sagêd dados pambênganing lampah, anggèn kula ngêtutakên laki kula punika, awit kula têtêp dhatêng sêsanggêman, kula mundhi-mundhi dhatêng panginggilan, kula ambangun turut dhatêng laki, kula sêsêmsêngsêm. dhatêng kautaman, awit saking kamirahanipun Hyang pukulun ngantos sagêd sarawungan lan paduka, dhuh dewaning adil, para wicaksana ngandika, [ngandi...]

--- 142 ---

[...ka,] manawi tiyang sampun sêsarêngan lumampah ngantos pitung tindak, punika sampun manjing dados mitra, môngka anggèn kula andhèrèkakên pukulun punika sampun pitung tindak kaping pintên kemawon, mila botên sêmang-sêmang malih kula punika mitra paduka. Mugi pukulun kêparênga midhangêtakên aturing mitra ingkang tansah mundhi-mundhi ing pukulun. Tiyang ingkang ciptanipun botên rèh-rèhan, tamtu botên kuwawi nglampahi sêsanggêman kawan prakawis, inggih punika ngudi kawruh, ngrukti bale wisma, mêsu brata wontên ing wana, sakawanipun sèlèh kadunyan, ujaring wasita, ingkang dipun wastani antuk nugrahaning agami, punika sagêd anggayuh kasunyatan, mila para wicaksana andhawuhakên, manawi nugrahaning agami punika nugraha agêng piyambak, dados beda kalihan lampah kawan prakawis, ingkang kula aturakên wau, tiyang nglampahi salah satunggal saking lampah kawan prakawis wau, tamtu antuk nugraha, ewadene tiyang sampun kasêsa nglampahi tapa brata, saha sèlèh kadunyan, dèrèng ngantos matur malih, Hyang Yama ngandika: bêcik lilakna Sawitri, nanging kang awit ingsun rêna angrungu titis, sarta matone ucapira mau, mula sira ingsun parêngake darbe panjaluk. Dhuh kang sulistya ing warna, apa sapanjalukira mêsthi ingsun parêngake, ugêr ora anjaluk uripe Satyawan bae. Badhe kasambêt.

Pudyastawa

Kawula nuwun, jrih kawula kaabdèkakên, pakêmpalanipun para putra santana dalêm angunjukakên pêpuji wilujêng dalêm, konjuk ing sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya saha Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 10 amarêngi ing dintên Kêmis Lêgi, wuku Wugu, môngsa kapat, windu Adi, tanggal kaping 22 wulan Rêjêb, ing taun Alip, angkaning warsa 1867, kalêrês tingalan dalêm wiyosan têtêp yuswa 72 taun, unjuk pêpujinipun wau anartanana pramèswari dalêm Gusti Kangjêng Ratu Êmas, saha putra-putri dalêm sadaya.

Kawula nuwun, mênggah anggèning Narpawandawa angunjukakên wilujêng dalêm wau kanthi suka sokuring manah, dening nyumêrêpi kalayan têtela, bilih kawula dalêm agêng [a...]

--- 143 ---

[...gêng] alit sadaya acipta ajrih asih, makatên malih Narpawandawa anyumêrêpi manawi salêbêtipun sampeyan dalêm ingkang minulya saha wicaksana angrênggani karaton dalêm Surakarta Adiningrat, tansah angwontênakên ewah-ewahan saha tatanan, ingkang laras kalihan jamanipun, tuwin mupangati dhatêng kawula dalêm agêng alit sadaya.

Kawula nuwun, awit saking punika Narpawandawa mêmuji ing Gusti Allah, mugi-mugi sahandhap sampeyan dalêm ingkang minulya saha wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, dinirgakna ing yuswa, winantua ing karaharjan, lastari dados pandam pangayomanipun para putra santana, abdi saha kawula dalêm sadaya.

Konjuk ing dintên Rêbo tanggal kaping 28 wulan Rêjêb ing taun Alip, angkaning warsa 1867.

Pangarsa, Wg. Suryaamijaya.

Mudha Pangarsa, Wg. Suryadipura.

Panitra I, Wg. Sasradipraja. Panitra II, Wg. Purwasastra.

Artaka I, Wg. Kartadipura. Artaka II, Wg. Atmasaputra

Para Panitya, Wg. Cakrawinata, Wg. Purwadipura, Wg. Wiraatmaja, Wg. Atmamijaya, Wg. Èsmubrata

Aturipun Para Panitya

Kula nuwun, kabêkta saking sami cupêting kawruhipun panitya ingkang kapatah nindakakên buku pangèngêt-èngêt, wiyosan dalêm têtêp yuswa 72 taun, botên anglêngkara bilih isining buku pangèngêt-èngêt ingkang sampun katur dhatêng para warga, kathah kuciwanipun, sarta sabab dening kaslêpêg sangêt wêkdalipun, andadosakên kirang prayogining panindak, inggih punika kasêsa, môngka saening panindak [paninda...]

--- 144 ---

[...k] punika kêdah sarèh sarekaning karsa, saèstunipun inggih kêdah cocog kalihan kalamôngsa utawi êmpan papanipun, wohing kasêsa anuwuhakên kirang titi, wêkasan wontên sawatawis kêkirangan tuwin klèntuning pangêcap, makatên punika pamanahing panitya, prêlu kalêrêsakên saha kawêwahan kêkiranganipun supados botên adamêl cuwaning para maos, kados ingkang kasêbut pratelan, tumrap ing tapihing buku wau ingkang wingking bagean lêbêt, ewadene bokmanawi taksih wontên malih kêkirangan tuwin kalêpataning panyêrat isinipun buku pangèngêt-èngêt wau, botên langkung sagêdipun panitya namung nyênyadhang rumêntahing pangaksamanipun para ingkang sami maos, langkung malih para pangrèhipun pakêmpalan Narpawandawa.

Surakarta kaping 8 Oktobêr 1936.

Prajakintaka, Purwasastra, Wiraatmaja.

Kabar Rêdhaksi

Awit saking wêdalipun organ ing wulan Oktobêr kapêngkêr punika, minôngka pangèngêt-èngêt wiyosan dalêm têtêp 72 taun, dados botên dipun isèni pananggalan kados adat, amila pananggalan ing wulan Nopèmbêr kapacak wontên ing organ punika, mugi andadosakên kauningan.

Isining Organ Punika:

1. Turunan dhawuhing pangandika dalêm ... kaca 135 | 2. Turunan ... kaca 136 | 3. Dèwi Sawitri ... kaca 137 | 4. Pudyastawa ... kaca 142 | 5. Aturipun para panitya ... kaca 144 | 6. Kabar rêdhaksi ... kaca 144 | 7. Pananggalan | 8. Sultan Agungan

--- [145] ---

Nopèmbêr 1936

[Grafik]