Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1936-12, #409

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1936, #409
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1936-01, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #321.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1936-02, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #507.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1936-03, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #508.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1936-04, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #509.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1936-05, #409 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #510.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1936-06, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #511.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1936-07, #409 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #512.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1936-08, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #513.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1936-11, #409 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #514.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1936-12, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #515.

Ôngka 12 Dhesèmbêr 1936

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Wicaksana Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran - Surakarta. 2579 ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO '36. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasradipraja, Kapatihan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Kêndhuri Narpawandawa

Nalika ing dintên Salasa sontên, tanggal kaping 13 Oktobêr kapêngkêr punika, para warga kakung saha putri kalampahan sami kaklêmpakan wontên ing dalêm Wuryaningratan, prêlu kêndhuri andêdonga kasugêngan dalêm sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha wicaksana kangjêng susuhunan, têtêp yuswa 72 taun, wilujêng datan sinangsaya ing satunggal punapa, para warga ingkang sami rawuh kakung putri watawis 600 pangagêmanipun para kakung cara Jawi jangkêp, rasukan atelah pêthak, mila manawi sinawang saking katêbihan kadi kontul arêraton, dene pangagêmanipun para putri sami pating prêlok kadi sêkar sataman, adamêl asrining paningal, amila sanadyan upakartining pasamuwan kadamêl kalayan prasaja, nanging lajêng katingal botên anguciwani, dening kawimbuhan asrining sêsawangan pangagêmanipun [pangagêmani...]

--- 148 ---

[...pun] para warga kakung saha putri wau. Nêtêpi ungêling sêrat sêdhahan wanci jam 8 sontên, para warga sampun sami rawuh pêpak, watawis jam 8.30, lumadosipun pasugatan pangunjukan, wanci jam 9 sêsêpuhing panitya wilujêngan Rm. H. Cakrawinata mêdhar sabda amasrahakên pasamuwan dhatêng pangarsa B.K.P.H. Suryaamijaya, satêlasing pamêdhar sabdanipun sêsêpuhing panitya wilujêngan, pangarsa Narpawandawa lajêng amêdhar sabda kados ing ngandhap punika:

Nuwun, sasampunipun kula mirêngakên aturipun panitya wilujêngan punika wau, samangke pasrahanipun kula tampèni kanthi ngaturakên panuwun, dene anggènipun tumandang ing damêl kalayan cekat-cèkêt, sagêd nyêkapi punapa ingkang dados pikajênganipun Narpawandawa. Miturut kawontênanipun pasamuwan ing dalu punika, tatanan sarta uparêngganipun namung kalayan prasaja, nelakakên bilih sagêd anglaras kalihan kaparêngipun komite agêng, ingkang sampun têrang dhawuhing kaparêng dalêm, inggih punika: sadaya ingkang sami damêl pasamuwan pahargyan, botên kaparêng adhêdhasar suka- suka (sopyan-sopyan), awit mindhak ambêborosi, ingkang tundonipun namung badhe sami damêl rêkaosing gêsangipun kemawon. Mênggah sadèrèngipun kula nglairakên punapa wigatosing wilujêngan, pangrèh Narpawandawa ngaturi uninga ing panjênêngan sadaya, rancanganipun pangrèh para warga kakung saha putri kasuwunakên ngabyantara nata, kados ingkang sampun kawrat ing organ kita kapêngkêr punika, botên kaparêngakên, dene ingkang dipun parêngakên ngabyantara amung para pangrèhipun sadaya pakêmpalan, katamtokakên sowan dintên Rêbo benjing-enjing jam 11 siyang, anjujug wontên ing bangsal sakilèn sasana sumewa (tumrap ingkang ngunjukakên pisungsung jam 10 enjing, anjujug ing bangsal marakata (panganggenipun: èstri gêlung têkuk, rasukan sampir, jalêr klanthungan, rasukan atelah pêthak, samangke pangrèh Narpawandawa prêlu ngaturakên panuwun dhatêng:

I. Para pangrèhipun Putri Narpawandawa, anggènipun sampun sami kaparêng ambausukoni kalayan suka pirênaning panggalih, ingkang wohipun sagêd kalêksanan sêdyanipun Narpawandawa kakung saha putri.

II. K.R.M.H. Wuryaningrat, inggih pangarsa mulya kita, anggènipun sampun kaparêng [kapa...]

--- 149 ---

[...rêng] andarmakakên dalêmipun kangge papaning wilujêngan.

III. K.R. Pangulu Tapsiranom, anggènipun sampun kaparêng mituruti panyuwunipun pangrèh, badhe andongani ajatipun pakêmpalan Narpawandawa punika mangke.

IV. Panuwun kula dhatêng para warga kakung saha putri, sami sagarwanipun, anggènipun sampun sami kaparêng marlokakên rawuh angèstrèni wilujênganipun Narpawandawa.

Para sadhèrèk, mênggah wigatosipun wilujêngan ing dalu punika, amarêngi sapêkênipun tingalan dalêm têtêp yuswa 72 taun, pakêmpalan Narpawandawa kakung saha putri mêmule awarni 1. Sêkul wuduk, ulam ayam lêmbaran, punika ingkang dipun caosi dhahar para nabi, para wali, saha Gusti Kangjêng Nabi Muhamad Rasulollah s.a.w. sagarwa putra tuwin sakabat sadaya. 2. Sêkul golong 21 jodho, ingkang dipun caosi dhahar ingkang cikal bakal ing Surakarta ngriki. 3. Sêkul asahan, kêtan kolak, apêm, ingkang dipun caosi dhahar para lêluhur dalêm sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha wicaksana kangjêng susuhunan, saking kakung saha saking putri. Wondene anggènipun Narpawandawa caos dhahar wau, prêlu nyuwunakên, mugi-mugi sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha wicaksana, pinaringana barkat wilujêng sapanginggilipun, tuwin antuka sih kamirahaning Gusti Allah pinaringan yuswa panjang, sugêng sênggang sênêng ayêm têntrêm, tinêbihna sagunging godha rêncana ingkang nuwuhakên kasangsaya, nanging winantua ing suka wibawa kontapa ing sabuwana, awèta dados pandam pangayomanipun para garwa putra, santana abdi saha kawula dalêm, lumèbèripun dhatêng sadaya isinipun praja dalêm ing Surakarta. Awit saking punika Kangjêng Radèn Pangulu Tapsiranom lajêng ijêngandika donganana punapa ingkang sampun kula ujubakên punika wau, kula suwun dipun jarwani ingkang supados para warga kakung saha putri sadaya sami mangrêtos makna têgêsipun.

Para sadhèrèk warga kakung putri sadaya, tamtunipun panjênêngan sampun sami mirêng, bilih kita para putra santana dalêm sayêktosipun inggih sampun angunjukakên pamuji sugêng dalêm, nalika dintên Kêmis Lêgi marêngi lênggah dalêm siniwaka, ingkang ngunjukakên wadananing putra santana dalêm têngên, panjênêngan dalêm kiyai bêkêl kamas [kama...]

--- 150 ---

[...s] Bandara Kangjêng Pangeran Angabèi, sarta lajêng sampun nampèni dhawuh timbalan dalêm, paring tarima kasih kanthi pangèstu dalêm, amung sarèhning kita punika taksih nindakakên lampah lair tuwin kabatosan, amila ing lair Narpawandawa damêl kandhuri inggih ingkang kita lampahi dalu punika, batosipun, sampun kalampahan angunjukakên pamuji sugêng dalêm, kados ingkang sampun kula aturakên ing nginggil wau, awit saking punika panyuwunipun pangrèh dhatêng panjênêngan sadaya, mugi sami kaparênga nyênyuwun dhatêng eyang kangjêng nabi panutan sarta para lêluhur kita, kalayan tadhah amin sinartan êninging panggalih, supados kinabulakên punapa ingkang dados ajadipun Narpawandawa wau, amargi jumbuhing lair lan batin punika agêng dayanipun. Samangke kangjêng radèn pangulu lajêng badhe wiwit andongani ajad, para warga sadaya sami kasuwun tadhah amin.

Satêlasing pamêdhar sabdanipun pangarsa K.R.P. Tapsiranom majêng andongani, mawi wêdharan sêsorah sawatawis, para warga sami ngamini, sarampungipun kadonganan ajad kaundurakên, katungka lumadosipun pasugatan dhahar, saha idêran sêkul ajad ingkang mêntas dipun dongani wau minôngka isarat. Kalajêngakên lalênggahan ngantos dumugi jam 11 dalu, sawêg bibaran, sami wilujêng ingkang pinanggih.

Kêkancingane Kangjêng Tuwan Gupêrnur Genêral ing Indhiya Nèdêrlan Kaping 30 Sèptèmbêr 1936 Ôngka 31

Manira Gupêrnur Genêral Indhiya Nèdêrlan.

Wus anguningani layang paturane ... enz.

Wus anguningani atur pirêmbuge rad Indhiya Nèdêrlan.

Ing samêngko anamtokake pranatan kaya ing ngisor iki.

Pranatan Sêsêbutan Tumrap Darah Lanang

Ingkang kapisan, pêpacak kang kamot ing layang paturane Gouvt. Secretaris katitimasan kaping 2 Oktobêr 1915 ôngka 2456, kaping 9 Agustus 1929 ôngka 1840/A.I. (Bijbl. No. 12082) sarta kaping 18 Agustus 1930, ôngka 1846/A.I. (Bijbl. No. 12375) iku manira suwak.

--- 151 ---

Bab Sêsêbutan Radèn Mas sarta Radèn

Bab 1

Kang kawênangake nganggo sêsêbutan radèn mas iku darahe panjênêngan dalêm nata ing Surakarta utawa ing Ngayogyakarta. Apadene darahe panggêdhening trah Mangkunagaran utawa Pakualaman, saka pancêr lanang utawa pancêr wadon padha tumêka grad IV.

Bab 2

Kang kawênangake nganggo sêsêbutan radèn iku:

Ha. Darahe para nata ing Surakarta utawa ing Ngayogyakarta. Apadene darahe panggêdhening trah Mangkunagaran utawa Pakualaman, saka pancêr lanang utawa pancêr wadon padha tumêka grad VI, sawuse grad VI, kang kawênangake nganggo sêsêbutan radèn amung manawa saka pancêr lanang.

Na. Darahe para nata ing pulo Jawa lan pulo Madura liyane para nata kang kasêbut ing bab 1 mau, sarta liyane sultan ing Bantên, apadene darahe para wali kang sinêbut sunan, para bupati ing gupêrmenan, sarta para kang padha ginanjar sêsêbutan radèn dening parentah awit saka parimarma utawa lêlabêtane, kabèh mau amung kang saka pancêr lanang.

Ca. Darah saka pancêr wadon grad II saka para bupati ing tanah Jawa Têngah utawa ing tanah Jawa Wetan, samono mau manawa para bupati mau asline saka panggonan kang miturut tata ngadate ing kono sêsêbutan mau uga katumrapake marang darah kang saka pancêr wadon, sawuse grad II kang kawênangake nganggo amung manawa saka pancêr lanang.

Bab 3

Wêwênang nganggo sêsêbutan radèn iku bakal ilang, manawa wiwit êmbah pancêr lanang lan bapa wus padha ora nganggo sêsêbutan radèn.

Bab 4

Wêwênang kang ilang kaya kasêbut ing bab ngarêp mau bisa pinudi bali, manawa kang nyuwun iku:

Ha. Bisa ambuktèkake kanthi wêwaton bab 2 ing dhuwur iki.

--- 152 ---

Na. Bisa nuduhake pikukuh mawa pratelan saka parentah kang nêmênake yèn sadulure lanang utawa bapa pamane, apadene uwakne iku kagawa saka turune kawênangake nganggo sêsêbutan radèn.

Sarta kang nyuwun sêsêbutan mau kudu:

1. Kajèn keringan ana ing urip bêbrayan kaya lêluhure kang nurunake.

2. Ora luwih patang turunan saka lêluhure kang pungkasan dhewe kang wênang nganggo sêsêbutan radèn.

Bab sêsêbutan liya- liyane

Bab 5

Kang kawênangake nganggo sêsêbutan radèn ariya iku darahe para nata ing Madura kang wus ora jumênêng saka pancêr lanang.

Ha. Tumêka grad III yèn nata kang nurunake mau sinêbut sultan.

Na. Tumêka grad II yèn sêsêbutane panêmbahan utawa pangeran adipati.

Ca. Kang apangkat bupati utawa anaking bupati.

Bab 6

Kang kawênangake nganggo sêsêbutan radèn panji iku darahe para nata ing Madura kaya kang kasêbut ing bab 5, saka pancêr lanang.

Ha. Tumêka grad IV sarta V yèn nata kang nurunake mau sinêbut sultan.

Na. Tumêka grad III sarta IV yèn sêsêbutane panêmbahan utawa pangeran adipati.

Ca. Kaprênah putu utawa buyuting bupati kang kasêbut ing bab 5 aksara Ca.

Kang kawênangake nganggo sêsêbutan radèn panji manèh iku para bupati saanak-anake, turune Kyai Tumênggung Côndranagara bupati kasêpuhan kang kawitan ing Surabaya, saka pancêr lanang.

Bab 7

Kang kawênangake nganggo sêsêbutan tubagus iku darahe para sultan ing Bantên.

--- 153 ---

Bab 8

Kabèh turune Kyai Tumênggung Puspanagara I bupati ing Grêsik ing taun 1694.

Utawa Kyai Kramajaya, patih kanoman ing Surabaya kang saka pancêr lanang, kang miturut tata ngadate padha nganggo sêsêbutan ngabèi kyai, ngabèi utawa mas ngabèi, manawa duwe panyuwun kêna salin sêsêbutan radèn.

Bab 9

Sakabèhing sêsêbutan kasêbut ing pranatan iki tumrap darah saka pancêr wadon, kang ing wêktu iki ing tanah Jawa Têngah sarta Wetan isih akèh, iku kang sulaya karo pêpacake pranatan iki, wiwit tumapake tanggal 1 Juli 1937 padha kasuwak.

Kapindhone: kang wênang ngabsahake sêsêbutan miturut tatanane bab 1 ing kêkancingan iki, tumrap kawulane kangjêng guprêmèn kang manggon ing bawahe kangjêng guprêmèn utawa ing bawahe parentah Jawa, iku guprênur kang ambawahake, dene kang manggon ana ing sajabaning tanah Jawa, iku kang wênang guprênur kang ambawahake panggonan tuking darahe kang duwe panyuwun mau.

Pranatan iki turunane kaparingake ... enz.

Sêsêbutan Darah Dalêm

Sadhèrèk rêdhaktur, ngantos cêcêngklungên anggèn kula ngêntosi timbulipun tatanan sêsêbutan darah dalêm grad gangsal, anggèning badhe sinêngkakakên kaparingan sêsêbutan: radèn mas, radèn ajêng utawi radèn ayu, kados suwunanipun pangrèh Narpawandawa, ingkang sampun kawahya wontên ing udyana ngriki, langkung malih sarêng kula maos sêrat kabar Darmakôndha basa Jawi ôngka 249 angêwrat turunan kêkancinganipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara, katitimasan kaping 23 Oktobêr 1936, ôngka 28, bab ewah-ewahan tatanan sasêbutanipun darahing Mangkunagaran, samangke katata wosipun, kados ing ngandhap punika.

1. Sêsêbutanipun para putra ingkang saking garwa padmi, ingkang kakung bilih dèrèng diwasa, [diwa...]

--- 154 ---

[...sa,] kaparingan sêsêbutan: gusti radèn mas, manawi sampun diwasa: kangjêng pangeran arya. Ingkang putri dèrèng krama, kaparingan sêsêbutan: gusti radèn ajêng, manawi sampun krama, gusti radèn ayu.

2. Sêsêbutanipun para putra ingkang saking garwa ampeyan, kakung bilih dèrèng diwasa, bandara radèn mas, manawi sampun diwasa kakung bandara radèn mas arya, utawi kangjêng pangeran arya, putri bandara radèn ajêng, manawi sampun krama bandara radèn ayu.

3. Santana dalêm wayah buyut canggah, ingkang saking garwa padmi utawi ampeyan, kalayan botên kabedakakên saking pancêr kakung saha putri, sêsêbutanipun ingkang jalêr: radèn mas, ingkang èstri: radèn ajêng, manawi sampun imah-imah radèn ayu.

4. Anaking santana canggah run- tumurun:

Ha. Ingkang saking pancêr jalêr, ngantos salajêngipun.

Na. Ingkang saking pancêr èstri, namung kawatêsan dumugi grad VI (udhêg-udhêg) sami kawênangakên sinêbut: radèn, (manawi èstri radèn rara, utawi radèn ngantèn).

5. Para santana lan anak putranipun kasêbut adêg-adêg 3 sarta 4 ing nginggil wau, manawi nyambut damêl wontên ing Mangkunagaran, angsal pangkating kapriyayèn, rôngga, dêmang dumugi tumênggung, utawi panji tumrapipun militèr, sasêbutanipun kaparêng dipun rangkêp.

Dados miturut wêwaton ing nginggil, cêtha bilih sapunika santana cangkahcanggah. Mangkunagaran (kawrat adêg-adêg 2) sampun kaparingan sêsêbutan radèn mas, radèn ajêng, utawi radèn ayu.

Ngèngêti suraosing nawala dalêm, katitimasan kaping 28 Sawal Jimawal 1861, ingkang sampun kaumumakên wontên ing sêrat kabar paprentahan taun 1931 ôngka 7 kaca 60 (bab matêdhani sêsêbutan radèn mas, dhumatêng santana dalêm canggah, punika ugi katumrapakên buyut Mangkunagaran, dados manawi makatên, buyut kadipatèn Mangkunagaran punika saminipun santana dalêm canggah, sarèhning samangke canggah kadipatèn Mangkunagaran sampun katata dipun paringi sêsêbutan [sêsêbu...]

--- 155 ---

[...tan] radèn mas, radèn ajêng, utawi radèn ayu, mila sampun samasthinipun bilih para warèng dalêm lajêng kaparingan sêsêbutan radèn mas, radèn ajêng utawi radèn ayu.

Mênggah atur kula ing nginggil punika, mugi tinêbihna ing panyana-nyana, yèn ta sasampunipun inggahing sêsêbutanipun para warèng dalêm wau dhumawuh, lajêng badhe kangge sêsongaran, utawi tindak adigung adiguna, punika tumrap kula piyambak babar pisan botên kula impi-impi, dêstun malah sagêda anjalari indhaking sêtyatuhu tuwin sumungkêmipun dhatêng karaton tuwin nagari dalêm Surakarta, botên langkung rintên kalayan dalu kula amung tansah kêkadar, mugi-mugi idham-idhaman kita wau tumuntêna dhumawuh.

Abdi santana grad V

Para Warèng Dalêm

Miturut raosanipun para putra-putra, golongan warèngipun para panjênêngan nata, sami cêcêngklungên anggènipun sami kapengin angsal kabar kadospundi bab panyuwunipun pakêmpalan kita Narpawandawa, kados ingkang sampun nate kawartosakên ing organ ngriki, para warèng wau kasuwunakên kawênangna mawi sêsêbutan radèn mas, sanadyan dèrèng kalêksanan, kula wajib angunjukakên panuwun dhatêng pangrèh dening anak kula inggih badhe katut minggah satataran.

Langkung malih sarêng ing praja Mangkunagaran sampun dhawuhakên, sêsêbutan radèn mas, dumugi grad IV (canggah) kawrat sêrat dhawuh surya kaping 11/9 36 ôngka 2364/8 dipun kanthèni turunan bêslitipun paduka ingkang wicaksana gupêrnur jendral ingkang sêsambêtan dhatêng praja Kajawèn.

Awit saking punika, murih dados pamarêmipun para warèng-warèng wau, mugi pangrèh kaparênga paring katrangan wontên ing organ Narpa.§ Pamirêng kula sawontênipun sêrat kêkancinganipun kangjêng guprêmèn kaping 30/9 '36 ôngka 31 (prêtalanipun têmbung Jawi sampun kawrat ing kaca 150) pangrèh Narpawandawa sampun lajêng parêpatan mawi nyêdhahi para warga sawatawis, ngrêmbag bab punika, pinanggihing rêmbag, samangke prêlu anjangkêpakên sêrat-sêrat prabot rumiyin. Red.

Wasana sadèrèng sasampunipun kula matur dhatêng raka rêdhaksi, sakalangkung nuwun. Anggènipun sampun karsa macak sêrat kula punika.

S. Sasramijaya

--- 156 ---

[Iklan]

Bale Agung Mahargya Tingalan Dalêm

Mênggah larah-larah wiwit pangrêmbag dumugi wêwaton adêgipun rad bale agung, panjênêngan sadaya sampun sami anguningani, kawrat ing buku pangèngêt-èngêt tingalan dalêm, têtêp yuswa 72 taun, samangke gandhèngipun kalihan pahargyan tingalan dalêm wau, rad bale agung ugi damêl pahargyan, sarana ngwontênakên parêpatan mirunggan, nalika ing dintên Jumungah sontên tanggal kaping 9 Oktobêr 1936, manggèn ing kagungan dalêm witana bale agung, watawis jam 7 sontên, para warga sampun sami pêpak, para luhur ingkang sami ngèstrèni sawatawis kathah, para abdi dalêm sarta sanèsipun ingkang sami nyumêrêpi pahargyan, kathah sangêt. Sasampunipun sami lênggah satata, bêndhe lajêng tinatap mangungkung, minôngka tôndha bilih parêpatanipun badhe dipun wiwiti, pangarsa B.K.P.H. Adiwijaya amêdhar sabda, kados ing ngandhap punika.

Prikônca warga, anggèn kula ngwontênakên parêpatan mirunggan ôngka kalih ing taun punika, botên darbe sêdya badhe mèngêti kagungan dalêm bale agung malih,

--- 157 ---

nanging langkung inggil, sarta langkung wigatos, inggih punika mèngêti ingkang yasa bale agung, ing dintên Kêmis Lêgi kala wingi amarêngi tanggal kaping 22 wulan Rêjêb punika, tingalan dalêm wiyosan taun ing Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping sadasa, ingkang kababar pasamuwanipun ugi ing dintên Kêmis Lêgi kala wingi, dipun èstrèni kangjêng tuwan guprênur ing Surakarta, para luhur ngamônca, mitra dalêm sarta sanès- sanèsipun. Wondene anggèn kula milih dintên punika, nyêla-nyêla sakathahing pasamuwan, dhasar ngangkah sampun ngantos katêbihên longkangipun akalihan dintên tingalan dalêm wau, mindhak nyudakakên grêngsêng, makatên malih ingatasipun bale agung punika parampara dalêm, kirang mungguh bilih lajêng botên nungka, utawi kadangon lêtipun, ngantos karumiyinan pahargyan sanès-sanèsipun.

Prikônca sadaya, parêpatan kita punika prêlu mèngêti tingalan dalêm wiyosan taun, saèstunipun para kônca gadhah pangintên utawi ngajêng-ajêng andharan kula bab kawontênan dalêm wiwit timur, punika botên, amargi badhe kêpanjangên sarta damêl kêmba, awit dening sampun kathah kalawarti utawi sanès-sanèsipun ingkang ngêwrat bab wau, dene ingkang kula pratelakakên punika namung ingkang kula manah wigatos kemawon.

Kala timur dalêm punika kawontênanipun jaman pasinaon ingkang adhêdhasar kilenan (Westersche methode) dèrèng timbul, dados mêsthinipun pasinaon dalêm punika lugu cara kina, anggêguru dhatêng para linangkung, gusti timur, awit dene putra kakung ingkang wiyos saking pramèswari namung satunggal, ginadhang-gadhang sumilih kaprabon, sawêg yuswa tigang taun sampun kajumênêngakên kangjêng gusti pangeran adipati anom, mêsthinipun botên kirang kaêla-êla sarta dinama-dama dening swarga rama dalêm, Sahandhap Sampeyan Ingkang Sinuhun Kangêng Susuhunan Pakubuwana kaping sanga, ewadene kaparêng dalêm pamimbasaranipun sangkaning timur pinrêtêk sarta winêlêg wulang ing sarira dalêm piyambak sakathahing kawruh agal alus, sangkêping guna anggèn-anggèning satriya nêtêpi ingkang kasêbut dhawuh dalêm ing Sêrat Arisuka, sanadyan sampun botên kêkirangan pamimbasara dalêm, mêksa taksih kapuruhitakakên, bab kawruh tosan aji, dalah pangulahing dêdamêl, ulah [u...]

--- 158 ---

[...lah] parigêl lumawaning asta, sarta kawruh katuranggan sarajanarinipun, punika dhatêng Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda kaping kalih, sumare Ratawu, ing ngriki kula sêlani sakêdhik kalangkunganipun sogata dalêm dhatêng kapal, kajawi dhatêng têtali sasaminipun, ugi priksa dhatêng talethongipun, utawi miyarsa bêngingèhipun, sampun sagêd mastani ulês sarta agêng alitipun.

Kala wau kula mratelakakên pasinaon dalêm dhatêng tosan aji, pasinaon tosan aji punika ingkang nama ugêr nyinau dhatêng dhuwung, punika tumrap kita bôngsa Jawi dede barang sapele, awit kajawi dados pangangge, inggih dados pêpundhèn, pusaka-dêdamêl, sarta inggih dados piandêl (ingkang kangge andêl-andêl) mila ngantos kawasita ing paugêran anggèn-anggèning bôngsa Jawi, kuda, curiga, wanita. Kalangkungan dalêm dhatêng tosan aji ngebat-ebati, uninga dhuwung dipun kêlit sampun sagêd dhawuhakên awon saening anggènipun dhuwung wau, langkung malih uninga dhuwunging dhuwung, saèstu kacakup samudayanipun.

Kajawi apuruhita dhatêng para linangkung ngèstokakên dhawuh dalêm rama dalêm suwargi, sampeyan dalêm ingkang wicaksana ugi nimbali para guru awit saking kaparing dalêm piyambak, prêlu kagêm ngêsahakên pangawikan ingkang sampun kasarira.

Kawontênaning sarira dalêm ingkang dados praboting kalangkungan dalêm, kenging kagarba pôncadriya dalêm punika sarwa sangkêp, atasing pamiyarsa, têranging paningal, lêpas pasanging graita, punapadene èngêtan, manawi para kônca èngêt dhatêng adat Jawi, tamtu lajêng tuwuh panggraitanipun bilih kathah sangêt kawruh-kawruh Jawi ingkang sirna tanpa tilas kabêkta ing ila-ila botên kenging dipun sêrati, salaminipun timbal-tumimbalipun dhatêng ingkang sami ngudi kawruh namung kaèngêt-èngêt kacathêt ing dalêm batos kemawon, bilih kawêjang kaping sapisan, kaping kalih, dumugi kaping tiga mêksa botên sagêd apil, padatanipun sampun botên kenging dipun wangsuli malih, inggih labêt kalangkunganipun sarira dalêm, sakathahing donga, japamôntra, aji sarta ilmu ingkang sami botên kenging cinathêt wau apil sadaya.

Pamimbasara dalêm suwargi ingkang rama kadosdene ingkang sampun kula pratelakakên punika, sajatosipun mawi dipun dhêdhasari kadosdene ingkang sapunika sawêg dados [da...]

--- 159 ---

[...dos] rêmbag wontên ing pahêmanipun para marsudi panggulawênthah, inggih punika ingkang winastan panggulawênthahing sadèrèngipun jabang bayi lair (opvoeding voor geboorte) sajatosipun nalika wontên kaparêng dalêm nênuwun tumuruning wiji ingkang ambawani karaton, sinaranan mawi sinungku pujabrata, wohing pamimbasara wau sadaya, kawontênan dalêm sampeyan dalêm ingkang wicaksana, kajawi kalangkungan dalêm kadosdene ingkang sampun kula pratelakakên, pangasta dalêm pusaraning praja kanthi luhuring panggalih dalêm sinartan lila lêgawa, tansah anggalih sumawuring kautamèn, budi utami punika ngibaratipun kados sêkar sinumpêt, rapêta dipun kados punapa mêksa kongas gandanipun, mila kautamèn dalêm punika bêbasan sagêd ngèbêki bawana, botên namung ing tanah Jawi kemawon, sanadyan ing môncapraja kathah para nata ingkang sami kapirênan miyarsa ngumandhanging kautamèn dalêm, têmahan misungsung têtêngêring karajanipun piyambak-piyambak, minôngka tôndha supêkêting pawongmitra.

Sanadyan pasinaon dalêm punika cara kina, ewadene anggatra kawontênanipun kamajêngan, malah kêrêp sangêt kaparêng dalêm punika ngrumiyini krêntêging kawula, ngêplêki pangandikanipun Prabu Napoliyon I,,Goerrerner Cest prevoir." Têgêsipun: pangrèh praja iku kudu waskitha, makatên wau botên sanès inggih awit saking kalantipan dalêm, mênggah cêculikanipun kados ing ngandhap pu.punika.

1. Pasinaon cara kilenan (westersch onderwijs).

Sajumênêng dalêm, saking kaparênging karsa dalêm para putra-putri dalêm sami kadhawuhan sinau dhatêng pamulangan Walandi pangangkah dalêm para putra dalêm kakung pasinaonipun kalajêngakên dumugi pamulangan luhur pisan, kadhawuhan sinau dhatêng nagari Walandi. Kaparêng dalêm makatên punika sagêd narambahi santana dalêm, lumèbèripun dhatêng anakipun abdi dalêm kapatêdhan pitulungan anglajêngakên pasinaonipun wontên ing tanah Jawi, jaman timbulipun H.I.S. ugi lajêng wontên kaparêng dalêm yasa: H.I.S. Kasatriyan, nyadhiyani pasinaonipun santana dalêm, sarta botên antawis lami lajêng wontên kaparêng dalêm yasa pamulangan Probèl, tuwin H.I.S. Pamardi Putri, ingkang maligi nyudhiyani putri-putri dalêm utawi santana dalêm èstri, wondene kadarman dalêm dhatêng pamulangan sanès-sanèsipun sakalangkung kathah, mênggah yasan dalêm pamulangan ingkang prêlu kula pratelakakên [pratelaka...]

--- 160 ---

[...kên] punika kagungan dalêm pamulangan Mambangul Ngulum, amargi sa-Indiya Nèdêrlan namung satunggal thil punika ingkang balunganing piwulangipun (leerplan) kados makatên, mila muridipun sakalangkung kathah, asli saking saindêngipun tanah Jawi.

2. Kasarasan.

Iyasa golonganing abdi dalêm ingkang manah kasarasan, mêwahi abdi dalêm dhoktêr, yasa pantiroga sarta poliklinik, ingkang botên ngêmungakên nyadhiyani para putra santana dalêm sarta abdi dalêm, malah dumugi kawula dalêm sadaya, ing kagungan dalêm pantiroga Kadipala wontên pirantos rênsên. (Rontgen-apparaat) ingkang satanah Jawi Têngah kawical agêng piyambak.

3. Ambangun tatanan kagungan dalêm siti.

Kagungan dalêm siti pamajêgan pêpancèn dhahar dalêm, sarta ingkang gumadhuh dados lênggahipun para putra santana dalêm tuwin abdi dalêm, kaparênging karsa dalêm kapundhut kabage waradin kaparingakên anggadhuh kawula dalêm tani.

4. Kagungan dalêm bale agung

Nguningani dhatêng galagating jaman, dêrênging kawula dalêm kumêdah anyumêrêpi mobah mosikipun praja dalêm, kagungan dalêm rad nagari ingkang tinanggênah ngunjukakên panimbang rantaman lêbêt wêdalipun kagungan dalêm arta nagari sarta sanès-sanèsipun, kaparênging karsa dalêm katata enggal kacocogakên kalihan jamanipun, ingkang suwau parêpatanipun tutupan, ing sapunika bikakan, murih kawula dalêm nyumêrêpi piyambak rêmbag-rêmbagipun, sarta têtêp dados parampara dalêm.

Mênggah kathahipun putra-putri dalêm 65, wayah dalêm 116, buyut dalêm 21, punika sampun sami tumangkar.

Miturut andharan ingkang sampun kula pratelakakên sadaya wau, kula pêndhêt wosipun, kawontênan catur nugraha, inggih punika nugrahaning Pangeran ingkang kaparingakên dhatêng kawulanipun kinasih, gunawan, hartawan, wiryawan sarta kabrayan, punika kasarira ing sarira dalêm.

Prikônca sadaya, dintên Kêmis Lêgi kala wingi yuswa dalêm têtêp 72 taun, kawontênanipun kasugêngan dalêm taksih sarwa sangkêp, punika ugi nugrahanipun

--- 161 ---

Allahu Tangala ingkang linangkung, sampun kula talêsihakên ing babad, para nata Jawi wiwit karaton Majapait ingkang panjang yuswanipun, ngungkuli yuswa dalêm dumugi ing dintên punika.

1. Prabu Brawijaya kaping gangsal, yuswanipun 83 taun.

2. Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping wolu, yuswa dalêm 75 taun.

Dene petang jumênêng dalêm 45 taun, dumugi dintên punika ingkang ngungkuli laminipun namung Sang Prabu Brawijaya kaping gangsal wau, lamining jumênêng 65 taun, petangan racaking yuswanipun para nata wiwit Majapait dumugi Surakarta 52 taun. Lamining jumênêng 18 taun. Taksih wontên sambêtipun.

[Iklan]

Isining Organ Punika:

1. Kêndhuri Narpawandawa ... kaca 147 | 2. Prêtalan têmbung Jawi kêkancingane kangjêng tuwan gupêrnur genêral ing Indhiya Nèdêrlan kaping 30 Sèptèmbêr 1936 ôngka 31 ... kaca 150 | 3. Sêsêbutan darah dalêm ... kaca 153 | 4. Para warèng dalêm ... kaca 155 | 5. Bale agung mahargya tingalan dalêm ... kaca 156 | 6. Pananggalan

--- [162] ---

Januari 1936Januari 1937.

[Grafik]