Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1937-02, #407

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1937, #407
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1937-01, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #298.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1937-02, #407 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #517.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1937-03, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #518.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1937-04, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #519.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1937-05, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #520.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1937-06, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #521.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1937-07, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #522.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1937-09, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #523.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1937-10, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #524.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1937-11, #407 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #525.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1937-12, #407 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #526.

Ôngka 2, Pèbruari 1937

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya Saha Wicaksana Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran - Surakarta. 240 ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO '37. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasradipraja, Kapatihan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Utusan Dalêm Dhatêng Nèdêrlan

Lampahing utusan dalêm dhatêng ing nagari Walandi, angèstrèni pikramanipun Sang Putri Yulianah dhaup kalihan Pangeran Bernard, dalah sapandhèrèkipun, sampun dumugi ing Dhènhah (Nèdêrlan) kalayan wilujêng sami botên wontên sambekalanipun ing margi, namung gumêdêring pawartos ingkang kawrat sêrat-sêrat kabar, sami mratelakakên, nalika para raja sami ngaturakên pisungsung dhatêng sang pangantèn agung, urutipun ewah botên kados wêwaton ingkang sampun, kalawarti: Swara Katolik, ingkang mêdal nalika tanggal kaping 15 Januari 1937 ôngka 3 ngabarakên kados ing ngandhap punika:

--- 18 ---

Sajang

Djoega boleh dikatakan berhoeboengan dengan perhoermatan atau hulde terhadap mempilai moelia di Nederland itoe di Vorstenlanden (tanah keradjaan Djawa) atau terangnja di kalangan istana-istana dalam tanah itoe telah timboel soeatoe perasaan koerang senang (een zekere ontstemming).

Sebagai pembatja tahoe, Radja-Radja tanah itoe, ja'ni S.P.J.M.K. Soenan di Soerakarta, S.P.J.M.K. Soeltan di Djokjakarta, K.G.P.A.A. Mangkoenegoro dan t. K.G.P.A.A. Pakoealam menghoendjoekkan persembahan (geschenk) sendiri-sendiri kepada Poetera Makota di Nederland jang berkawin itoe. Melainkan K.G.P.A.A. Mangkoenegoro, jang datang di Nederland sendiri, Radja-Radja itoe mengirimkan oetoesan oentoek menghoendjoekkan persembahan tadi dan menghadliri pesta perkawinan. Bersandaran "protocol" atau atoeran, penerimaan oetoesan dari Vorstenlanden jang menghoendjoekkan persembahan tadi atau di lakoekan berganti-ganti (Djawa: oeroet-oeroetan) menoeroet "rang" atau kedoedoekan jang menghoetoes: Hanja K.G.P.A.A. Mangkoenegoro jang datang sendiri akan di terimanja dahoeloe. Begitoelah atoeran jang telah diboeatnja dengan permoefakatan Pemerintah Hindia Belanda tentang penerimaan oetoesan di Nederland.

Tetapi pada hari menghoendjoekkan persembahan tadi K.G. Mangkoenegoro tiba-tiba gering, hingga terpaksa mengirimkan wakil, ja'ni permaisoerinja sendiri oentoek menghatoerkan persembahan tadi. Dan wakilnja K.G. Mangkoenegoro tadi ja'ni K. Ratoe Timoer, dipersilahkan menghoendjoekkan persembahan seolah-olah hal ini di lakoekan oleh G.K. Mangkoenegoro djadi mendahoeloei oetoesannja S.P.K. Soenan dan S.P.K. Soeltan.

Inilah jang menimboelkan perasaan koerang senang atau ontstemming di kalangan Vorstenlanden, kalangan mana merasa, bahwa wakil K.G. Mangkoenegoro itoe, karena hanja wakil sadja, bersandaran protocol tidak boleh mendahoeloei oetoesannja S.P.K. Soenan dan S.P.K. Soeltan dalam hal menghatoerkan persembahan tadi.

Di sini patoetlah di katakan, bahwa hal itoe boekan salahnja wakil K.G. Mangkoenegoro jang dipersilakan mendahoeloei oetoesan lainnya. Sebab itoe diharapnja sadja, moedah-moedahan hal itoe tidak berpengaroeh djelek pada perhoeboengannja Radja-Radja dan keradjaan-keradjaan di Vorstenlanden. Jang sebegitoe akan nama sajang soenggoeh. Djoega bagi kemadjoean tanah dan ra'iat di Vorstenlanden akan lebih baik kalau perhoeboengan tersebut diatas itoe tinggal baik atau tambah baik!!

Manawi miturut suraosipun ing nginggil punika, ewahing tatanan anggènipun ngaturakên pisungsung wau, sabab pangagênging trah kadipatèn Mangkunagaran anyalirani piyambak dhatêng ing Nèdêrlan, nanging sanès- sanèsipun sami namung utusan (wakil) makatên punika bilih kagalih sagêbyaran sajak katingal sampun maton, nanging bilih dipun oncèki wêwaton makatên wau lajêng kirang marêmakên dhatêng manah, amargi miturut adat sabên ngaturakên kawilujêngan ing kangjêng sri maha raja putri, amarêngi tingalan taun (tanggal 31 Agustus) punika ingkang matur rumiyin tamtu utusan dalêm, sampeyan ingkang sinuhun ingkang minulya saha wicaksana, lajêng pangagênging trah kadipatèn Mangkunagaran (manawi botên kapambêng ing prêlu tamtu kangjêng pangeran adipati piyambak) môngka nalika ngaturakên pisungsung wau, Kangjêng Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara nuju gêrah, mila wakil garwa Gusti Kangjêng Ratu Timur, dados ingkang kawontênanwontên. ngriku lajêng wakil sami wakil, ewadene urutipun anggènipun [anggèni...]

--- 19 ---

[...pun] ngaturakên pisungsung mêksa wakil pangagênging trah kadipatèn Mangkunagaran ingkang karumiyinakên, makatên punika kadospundi sabab-sababipun kula nyumanggakên, awit pikiran kula botên sagêd gadug, namung mirit tatanan nagari ing Surakarta lêlinggihanipun para wakil punika pancèn kasamèkakên kalihan ingkang dipun wakili, wêwatonipun kasêbut sêrat dhawuh nagari, bab lêlinggihanipun wakil abdi dalêm bupati anom pangrèh praja kitha Surakarta, kula têdhak sunggingipun kemawon kados ing ngandhap punika:

Golongan paprentahan praja lan pangadilan

Ôngka 1446 C/5/I bab lêlinggihanipun wakil bupati anom kitha Surakarta.

Dhawuhipun pêpatih dalêm dhumatêng abdi dalêm bupati kitha Surakarta, sêrat paturan katitimasan kaping 13 Agustus 1936, ôngka 1201 A/3, sakanthinipun sampun kauningan, sarta kadhawuhan paring sumêrêp, lêlinggihanipun Ngabèi Mangunsudarsa wakil bupati anom pangrèh praja kitha Surakarta, punika kados ingkang dipun wakili, dados sampun sami kalihan benjing manawi têtêp, lajêng kadhawuhna.

Kantor Kapatihan kaping 25 Agustus 1936.

Wôngsanagara.

Ewadene sarèhning bab rêmbag ingkang kula aturakên ing nginggil, punika ingkang kula kintên sagêd ngebahakên sarta mirsa wêwaton utawi sabab-sababipun namung pangrèh Narpawandawa, kula nyumanggakakên panggalihanipun.

Sumantana.

Para Guru Sakolahan Kagungan Dalêm Sami Kapangkat Abdi Dalêm

Miturut sêrat kêkancinganipun pêpatih dalêm, katitimasan kaping 16 Nopèmbêr 1936, ôngka 95 A/2/I sapunika kaparênging karsa dalêm, sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha ingkang wicaksana kangjêng susuhunan, sadaya guru ing kagungan dalêm pamulangan Kasatriyan, Pamardi Putri saha Pamardi Siwi,

--- 20 ---

kajawi ingkang bôngsa Walandi, sami kaparingan pangkat kados salimrahipun abdi dalêm, miturut dhiplomanipun.

Ha. Ingkang dhiploma Hoofdacte sarta Hoofd der H.I.S. pangkat panèwu, lêlinggihanipun anyêpuhi panèwu golonganipun.

Na. Ingkang dhiploma Frobelacte sarta K.S. pangkat mantri, ingkang diploma Normaal pangkat lurah, dene ingkang dhiploma Secondanten pangkat bêkêl, lêlinggihanipun anyêpuhi bêkêl golonganipun.

Awit saking punika samangke guru-guru wau lajêng sami katata nama saha sêsêbutanipun.

1. Wati Rajiman, kapangkat mantri, nama: Radèn Lurah Wara Sèswati.

2. Sukirna, kapangkat mantri, nama: Mas Ngabèi Lêbdawiyata.

3. Sukamta, kapangkat mantri, nama: Mas Ngabèi Rêksawiyata.

4. Suparmin, kapangkat mantri, nama: Mas Ngabèi Arjawiyata.

5. Amat, kapangkat mantri, nama: Mas Ngabèi Kartawiyata.

6. Suwarta, kapangkat mantri, nama: Mas Ngabèi Wirawiyata.

7. Suismaniyah Nitipura, kapangkat mantri, nama: Radèn Lurah Wara Duwita.

8. Radèn Ayu Sukirsa, kapangkat mantri, nama: Radèn Ayu Lurah Waraning Dyah.

9. Sutantya èstri, kapangkat mantri, nama: Nyai Lurah Wara Wanodya.

10. Sukirna èstri, kapangkat mantri, nama: Nyai Lurah Wara Sèswani.

Wondene Bandara Radèn Ajêng Isdriyah Sri Artati, taksih kalastarèkakên kados punika.

Wontênipun bab punika kula sangsangakên wontên ing Côndrawarti ngriki, ingkang supados para warga kita bokmanawi wontên ingkang kagungan parlu kalihan salah satunggalipun guru-guru wau, sasampuna sami uninga nama sarta sêsêbutanipun. Botên langkung kula amung ngaturakên P.f.

Tilas murid Kasatriyan

--- 21 ---

Turunan

Kêkancingan ôngka 98 A/2/I

Manira pêpatih karaton dalêm ing Surakarta Adiningrat, angèngêti dhawuh kêkancingan nagara katitimasan kaping 13 Sèptèmbêr 1930, ôngka 70 D/1/I lan kaping 18 Oktobêr 1930 ôngka 18 D/1/I bab panganggo jagong têmuning pangantèn, sarta pangantèn kaundhuh, kang katata ing kêkancingan mau mung manawa kawiwaha (kabayangkare) kang pangantène manganggo basahan.

Lan anguningani kaanane para abdi dalêm kang duwe gawe mantu utawa jagong pangantèn, kang durung kalêbu ing tatanan mau, pangganggone warna-warna miturut panêmune dhewe-dhewe, anjalari katon kurang prayoga. Marmane manira anggalih parlu andhawuhake tatanan, para abdi dalêm yèn duwe gawe mantu utawa jagong pangantèn kang ora kawiwaha kaya kang kasêbut ing dhuwur mau, padha manganggoa ikêt-ikêtan, tumrape kang pangkat bupati anom, kaptin upsir sapandhuwur kulambine bêskap irêng, tumrap kang pangkat panèwu sapangisor kulambine atela irêng.

Dene tumrape kang duwe gawe kêna manganggo kang urmate ngluwihi dhayohe, utawa kêna murih supaya dhayohe manganggo suda saka kang kasêbut ing dhuwur mau, kaya ta: dhayohe dipurih manganggo kulambi putih.

Dhawuhing kêkancingan tanggal kaping 25 Pasa Alip 1867 utawi kaping 9 Dhesèmbêr 1936.

Pêpatih dalêm, Kangjêng Pangeran Arya Adipati Wg. Jayanagara.

Sampun cocog kalihan lugunipun.

Wg. Purwadiningrat.

Têtêdhakan

Dhawuhing Pangandika Dalêm

Ingkang dhihin salam ingsun, dhawuha marang sira Pangeran Arya Adipati Jayanagara.

--- 22 ---

Kapindhone, sarèhning militère kangjêng guprêmèn wiwit kang pangkat sangisore ajidan, ondêr opsir sapangisor, panganggone irêng disuwak, kari panganggo ijo kain sukêt, mula ing saiki kaparênging karsaningsun, kabèh bocah ingsun prajurit manawa laku ngiringake layone putra santana sarta bocah ingsun, padha manganggoa ijo kain sukêt, iku banjur dhawuhna marang komandhaning bocah prajurit adhinira Pangeran Arya Purbanagara, sarta dhawuhna marang bocah jaba jêro kabèh supaya padha sumurup, dene bocah ingsun prajurit mau panganggone irêng samôngsa uwis rusak banjur ingsun suwak, ingsun paringi salin panganggo ijo kaya militère kangjêng guprêmèn, kang jêro kulambi atelah sarta saruwal panji-panji ijo, iku dadia sumurupira.

Dhawuhing timbalan dalêm, ing dintên Rêbo tanggal sapisan wulan Dulkangidah, ing taun Alip, angkaning warsa: 1867.

Panglipur Manah

Omongipun tuwan pastur kalihan pak kaji, nuju sêsarêngan numpak sêpur, makatên:

Tuwan pastur: môngga tuwan kaji sami sêsarêngan dhahar sate babi.

Pak kaji: nuwun tuwan, panjênêngan rak sampun priksa, ta, bilih ulam babi makatên tumrap kula dipun karamakên.

Tuwan pastur: o, dados manawi makatên gêsang panjênêngan wontên ing ngalam donya punika nama dèrèng pêpak, dene dèrèng nate ngraosakên ulam babi.

Pak kaji kèndêl kemawon, nanging sarêng badhe mandhap saking sêpur, pak kaji têtabean kalihan tuwan pastur, sarwi wicantên: tuwan, tabe kula kemawon katur ingkang garwa.

Tuwan pastur: êlo, dospundi ta panjênêngan punika, lah kula punika rak pastur, dados salami kula botên nate gadhah bojo.

Pak kaji: o, inggih sampun, dados yèn makatên sugêng panjênêngan wontên ngalam donya, punika ugi nama dèrèng pêpak, tandhanipun panjênêngan dèrèng nate ngraosakên nyonyah.

Tuwan pastur: hê ê ê ê m ...

Gunawan.

--- 23 ---

Dèwi Sawitri

Sambêtipun organ ôngka 1

Lajênging aturipun Dèwi Sawitri: saking adilipun saha saking sruning tapa bratanipun para ambêg adil, mila jagad punika taksih lêstantun dumugi samangke dèrèng kukut, lêlampahan ingkang sampun kapêngkêr, utawi ingkang badhe kalampahan, punika purba wisesanipun wontên adil, dupi tiyang sampun sami priksa, bilih makatên wau lêkasipun para ambêg adil, mila tiyang sami purun anglêstantunakên kasaenanipun dhatêng sadaya titah, botên mawi pangajêng-ajêng ngukup wêwangsulanipun. Para utami botên nate singlar saking adil, tindak adil botên nyudakakên kabêgjan, saha kaluhuranipun. Sadangunipun taksih ambêg adil, tamtu taksih dados pangayoman, pangandikanipun Hyang Yama: tumrap pamiyarsane para dewa, ucapira lêgi kaya madu, awit migunani karana dhêdhasar panalôngsa, kongsi gawe kasoking panggalih ingsun, o wong wadon kang bêkti ing laki, mara anjaluka manèh, kang luwih aji tinimbang kang uwis-uwis. Aturipun sang dèwi: dhuh, dewa kang tansah matêdhakakên kabêgjan, nugraha ingkang sampun kaparingakên wau, botên sagêd kalêksanan, manawi kula botên nunggil lan Satyawan, awit saking punika pukulun, pramila Satyawan dipun gêsangna malih. Manawi kula pisah kalihan Satyawan, kula botên rumaos bêgja, kula botên kêpengin kamulyan, botên kêpengin suwarga, botên kêpengin kabêgjan, pêpenginan kula amung saprakawis, inggih punika cêlak lan Satyawan, kala wau pukulun marêngakên kula badhe sêsuta satus, patutan lan Satyawan, mila kadospundi sagêdipun kalampahan nugraha paduka wau, bilih Satyawan paduka pundhut. Sarana maringakên Satyawan ing kula, pangandika paduka tamtu badhe sagêd kalêksanan.

Mindhangêt aturipun Sawitri makatên wau, Hyang Yama ngandika: bênêr ucapira mau, Sawitri. Sasampunipun ngandika makatên, Hyang Yama lajêng nguculi tangsul ingkang tumangsul ing jiwanipun Satyawan, wasana ngandika sarwi mèsêm: heh wanita sukci kang antuk nugraha, mara tampanana jiwane Satyawan, nuli gawanên bali marang dununging kunarpane, ing buri wus ora ana sambekala manèh, sira apadene lakinira, bakal urip kôngsi kakèn-kakèn ninèn-ninèn, kanthi bêgja

--- 24 ---

sarta sênêng, sajrone patang atus taun, malah manawa Satyawan gêlêm gawe sêsaji, môngka lakune anut pranatan ing layang sukci, Satyawan misuwur anane ing marcapada, utawa nuli sêsuta satus, mijil saka sira Sawitri. Hèh putri linuwih, para satriya putranira mau, saturun-turune padha jumênêng nata, kang misuwur ana ing donya, katarik dening kautamanira. Apadene ramakiriramakira. Prabu Aswapati, uga bakal darbe anak lanang satus, mijil saka Dèwi Malawa ibunira. Kadangira satus kang nunggal sayayah rena, iku kaanane kongsi kaya dewa ngejawantah. Lumrahe disêbut para Malawa, kuncara kautaman lan kakêndêlane. Sasampunipun ngandika makatên, saha paring palilah konduripun sang dèwi kalihan ambêkta gêsangipun Satyawan, Bathara Yama lajêng wangsul dhatêng karang kadewatan, dene Dèwi Sawitri wangsul dhatêng wana dununging kunarpanipun ingkang raka. Dupi sampun cêlak, Dèwi Sawitri lênggah, kalihan alon-alon anggènipun anjunjung sirahing ingkang raka, lajêng katumpangakên pangkonipun. Sami sanalika wau Sang Satyawan, nglilir, netra mandêng dhatêng garwanipun, kalihan pasêmon kadi pasêmoning tiyang ingkang mêntas dhatêng saking kakesahan têbih, wasana ngandika: yayi, ayak wus rada kasuwèn anggonku turu, pagene ora kok gugah, lan wong irêng gêdhe dhuwur kang angglandhang aku mau êndi. Dèwi Sawitri mèsêm lajêng matur: lakar dangu anggènipun kakang mas sare kalihan kajang sirah pangkon kula, dene dewaning antaka sampun wangsul dhatêng kahyanganipun malih. Dhuh, rajaputra, sêmunipun salira paduka sampun karaos sêgêr, awit sampun botên katingal pucêt. Mila manawi sampun kuwawi lumampah, suwawi kula aturi jumênêng. Karantên punika sampun têngah dalu.

Sang Satyawan jumênêng, ing nalika punika Sang Satyawan sawêg èngêt, bilih anggènipun sare punika wontên wana, mila lajêng ngandika: yayi, anggonku mênyang alas karo kowe, iku pêrlu ngupaya woh-wohan, karo kayu garing, nanging barêng wadhahing woh-wohan wis kêbak, aku banjur madung kayu, kongsi aku ora kèlingan apa-apa, mung banjur kêsusu turu, ora ana kang dak elingi manèh, kajaba sakiwa têngênku katon pêtêng. Mung sajrone pêpêtêng mau, nuli katon ana wong sumorot cahyane. Sawitri, manawa kowe wêruh mara critakna, wong mau sapa yayi, critakna sakawruhira bae. Iku apa impèn apa [a...]

--- 25 ---

[...pa] pancèn nyata. Atur wangsulanipun sang dèwi: paran, punika sampun lingsir dalu, pêtêngipun limêngan, dintên benjing-enjing kemawon anggèn kula badhe ngaturakên sadaya ingkang kula sumêrêpi. Samangke prayogi kondur, lumampah sak sakecanipun, supados lajêng marak rama ibu, dhuh pêpundhènipun Sawitri, surya sampun dangu silêmipun, buron wana ingkang sami saba dalu, sampun sami kapirêng swaranipun, pambaunging sagawon ajag, punapadene panggêroning singa, punika damêl mirising manah. Wangsulanipun Sang Satyawan: barêng kasaput ing wêngi, alas iki katon anggirisake ati, apa kowe bisa wêruh dalan, ta, yayi, yèn ora gèk kêpriye olèhe lumaku. Aturipun Dèwi Sawitri: paran kala wau siyang, wana ngajêng punika wontên kajêngipun agêng-agêng kabêsmi, dados sabên kêtêmpuh ing angin, lajêng sami mlêtik, utawi mêngangah malah wontên ingkang murub, punika ingkang badhe majari anggèn kula lumampah. Punapadene, kajêng ingkang sampun panjênêngan kalêmpêkakên wau, badhe kula sumêt kangge obor, kula ingkang badhe mirantosi sadaya wau, awit kakang mas sawêg botên sakeca. Saèstunipun botên sagêd milih margi ingkang kêdah dipun langkungi, ewadene bilih saliranipun paran taksih karaos lêsu, dalu punika prayogi lêrêm ing ngriki kemawon rumiyin, benjing-enjing manawi sampun pajar, lajêng mangkat mantuk, wangsulanipun Sang Satyawan, yayi, murmêtingmumêting. sirahku wus ilang, lêsuning badan samêngko wus sêgêr, mula yèn kowe panuju, mara yayi padha mulih bae saiki, awit salawas-lawase, aku durung tau lunga samene suwene, mundhak diarêp-arêp kangjêng rama lan kangjêng ibu, malah adate sabên sore, nadyan srêngenge durung surup, aku wus ora kaparêng mêtu saka padhepokan, aku wus tau lunga kongsi sawatara lungse, wong sapratapan, apadene kangjêng rama lan kangjêng ibu, padha ngupaya, barêng kêtêmu, kangjêng rama ngandika: kulup, têka suwe têmên anggonira lunga. Sawitri kagawa kongsi wêngi aku durung mulih, sumêlanging atiku, yèn kangjêng rama tindak ngupaya dhewe, gèk kaya apa sungkawane kangjêng rama lan kangjêng ibu, yèn aku ora banjur mulih. Sumurupa yayi, nalika rada kasuwèn ulihku saka ngalas, kangjêng rama lan kangjêng ibu muwun, karo ngandika: kulup yèn ingsun pisah lan sira, ingsun ora kuwat suwe ana marcapada, nanging yèn sira urip, ingsun iya [i...]

--- 26 ---

[...ya] bisa lêstari urip, dadi sira iku kêna diarani têkên uripe wong tuwa wuta iki, lan widada sarta orane darah ingsun, iku gumantung anèng sira. Kulup amung sira kang wênang gawe sêsaji, kanggo mulyaningsun, lan darah para lêluhurira, kang padha anèng jamaning pati, awit darah ingsun uga mung sira, o, Sawitri bojoku, kangjêng rama apadene kangjêng ibu, iku wus kaladuk ing yuswa, têkên kang kanggo nyantosakake sugênge, iku mung aku, mula gèk kaya apa bingunge, yèn bêngi iki aku ora mulih. Yèn aku ngèlingi sungkawane rama ibu, rasane atiku kaya mati- matia, dene gonku turu kongsi samono suwene, dadi banjur gawe kasangsaran gêdhe, sumurupa Sawitri, yèn rama ibu wus ora ana marcapada, aku ora bisa kari. Sungkawane kangjêng rama apa kêna kalipur, sabên uwong saisining pratapan, mêsthi padha didangu kaananku, rikala punika Satyawan katêtangi wêlasipun dhatêng rama ibu, mila kanggêg anggènipun ngandika, awit lajêng marawayan wêdaling waspanipun, nanging mêksa ngandika malih kalihan pêgat-pêgat: o, Sawitri wong ayu, kang bêkti ing laki, ora pisan aku ngrasakake badanku dhewe, mung gèk kapriye polahing wong tuwaku, kang wus tuwa lan paningale wuta iku, sarta kayangapa bingunge kangjêng ibu kang mangkono bêktine, yèn priksa kangjêng rama udrasa, marga kelangan putrane, sajrone rama ibu isih sugêng, aku kudu ngati -ati, aja kongsi lunga suwe-suwe, mundhak gawe rusaking panggalihe. Aku ing nguni prasêtya, Sawitri, yèn bakal ngèstokake sadhawuhe rama ibu, sarta sêdya tansah nuju kang dadi kêparênge panggalihe. Taksih wontên sambêtipun.

Isining Organ Punika

1. Utusan dalêm dhatêng Nèdêrlan ... kaca 17 | 2. Para guru sakolahan kagungan dalêm sami kapangkat abdi dalêm ... kaca 19 | 3. Turunan kêkancingan ôngka 98 A/2/I ... kaca 21 | 4. Panglipur manah ... kaca 22 | 5. Dèwi Sawitri ... kaca 23 | 6. Pananggalan | 7. Nitik Sultan Agungan

--- [27] ---

Pèbruari 1937

[Grafik]