Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1937-03, #407

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1937, #407
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1937-01, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #298.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1937-02, #407 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #517.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1937-03, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #518.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1937-04, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #519.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1937-05, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #520.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1937-06, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #521.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1937-07, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #522.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1937-09, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #523.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1937-10, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #524.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1937-11, #407 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #525.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1937-12, #407 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #526.

Ôngka 3, Marêt 1937

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya Saha Wicaksana Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran - Surakarta. 498 ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO '37. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasradipraja, Kapatihan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Kangjêng Pangeran Adipati Arya Pakualam Kaping VII Seda

Nalika ing dintên Salasa tanggal kaping 6 Bêsar Alip 1867 utawi kaping 17 Pèbruari 1937 wanci jam 5 sontên 15 mênit, Kangjêng Pangeran Adipati Arya Pakualam kaping VII seda, dumugi yuswa 55 taun, amargi gêrah sampun sawatawis taun. Ing dintênipun Kêmis kaping 19 Pèbruari wanci jam 10 enjing, layonipun kasarèkakên dhatêng ing astana Girigônda, mawi pakurmatan kados adat layonipun para luhur. Prêlu kaandharakên sawatawis, punapa kawontênanipun kangjêng pangeran adipati wau, kados ing ngandhap punika:

Timuripun kangjêng pangeran adipati punika asma: Bandara Radèn Mas Sularja, wiyosanipun [wiyo...]

--- 30 ---

[...sanipun] ing dintên Sêtu Kliwon, tanggal kaping 28 Sura Ehe 1812, utawi kaping: 9 Dhesèmbêr 1882 satamatipun pasinaon dalêm ing pamulangan andhap, lajêng sinau wontên ing H.B.S. sarêng dumugi ing pangkat 4 kaparêng dalêm Kangjêng Pangeran Adipati Arya Pakualam kaping VI Bandara Radèn Mas Sularja katimbalan kondur, prêlu kajumênêngakên pangeran, asma Kangjêng Pangeran Arya Prabu Suryadilaga, apangkat mayoring jendralên sêtap ing Indhia Nèdêrlan, amarêngi ing dintên Sênèn Paing tanggal kaping 1 Dulkangidah Ehe 1832 utawi kaping 17 Dhesèmbêr 1902, sasedanipun ingkang rama lajêng jumênêng pangagênging trah kadipatèn Pakualaman, asma Kangjêng Pangeran Adipati Arya Prabu Suryadilaga, sarêng nalika dintên Salasa Pon, tanggal kaping 12 Bêsar Je 1838 utawi kaping 5 Januari 1909 krama dhaup kalihan putri dalêm, sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha ingkang wicaksana kangjêng susuhunan, asma Bandara Radèn Ajêng Rêtna Puwasa, sarêng yuswa dalêm jangkêp dumugi 40 taun, têtêp jumênêng Kangjêng Pangeran Adipati Arya Pakualaman kaping VII anuju dintên Sêtu Kliwon, tanggal kaping 28 Sura Ehe 1852 utawi kaping 1 Oktobêr 1921.

Mênggah kawontênan putra têtilaranipun kangjêng pangeran adipati wau:

1. Bandara Radèn Mas Sularsa, (saking garwa padmi) sapunika asma Kangjêng Pangeran Arya Prabu Suryadilaga.

2. Bandara Radèn Mas Arya Sutikna (saking garwa ampeyan)

3. Bandara Radèn Ayu Sugirwa (saking garwa padmi)

4. Bandara Radèn Ayu Kusumaningrat (saking garwa padmi)

5. Bandara Radèn Ajêng Kuspinah (saking garwa padmi)

6. Bandara Radèn Ajêng Kusdarinah (saking garwa padmi)

7. Bandara Radèn Ajêng Kusbinah (saking garwa padmi)

Wondene wêtahing sêsêbutan dalêm Kangjêng Pangeran Adipati inggih punika: Kangjêng Pangeran Adipati Arya Pakualam kaping VII, kolonèl phan sêtaph, komandhuring ordhê oranyê nassao, ridêring ordhê Nèdêrlansên leyo, ridêring ordhê phan Hèndrik dhê leyo ing Bronsêwèik, komandhuring ordhê phan dhê sêtèr

--- 31 ---

ing Ansuwan, komandhuring ordhê phan dhê krun ing Siyêm, komandhur dhèr Bèlgi sêkrun, komandhuring ordhê phan dhês wartêstèr ing Bènin.

Utusan Dalêm Dhatêng Nèdêrlan

Bab uruting atur pisungsung dhatêng sang pangantèn agung, kados ingkang sampun kawrat ing organ ôngka 2, dumugi sapriki taksih rame karêmbag wontên ing samadyaning ariwarti, warni-warni pamanggihipun, nêmbe punika sadhèrèk X anukarta bab wau mawi basa Walandi, kawrat wontên ing ariwarti D.K. ôngka 28 wosing cara Jawinipun kados ing ngandhap punika:

Punapa wontên ewah-ewahan adat tatacara, bilih nampèni utusanipun para nata mandhiri ing tanah Jawi.

Botên ngêmungakên pawarti Walandi kemawon, sanadyan pawarti Jawi ugi sami martosakên, bab panampinipun utusaning para nata ing tanah Jawi, nalika wontên ing kadhaton Dhên Hah (Den Haag) marêngi kramanipun Sang Putri Yulianah dhaup kalihan Sang Pangeran Bernard, dados pocapaning akathah, amargi kala ngaturakên pisungsung dhatêng pangantèn sakalihan, Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara katampèn langkung rumiyin, tinimbang utasanipun nata ing Surakarta tuwin Ngayogyakarta, miturut sêrat-sêrat pawarti wau, sababipun Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara katampèn rumiyin, sabab saking rawuh piyambak, nanging para nata sanèsipun sami utusan putranipun, minôngka wakil. Wontên malih ingkang ngintên, bilih sabab saking kablateranipun, sawênèh angintên manawi tatanan ing Indhonesiah panampinipun para nata Jawi ing wêkdal pasamuan, taksih katindakakên makatên.

Amila pundi ingkang lêrês pangintên-pangintên wau, angèl anggènipun ngrampungi, sarta kula (X) inggih botên badhe naliti punapa panampinipun punika sampun lêrês utawi botên. Namung kula badhe mratelakakên pamanggih kula, miturut adat tatacara ingkang kagêm wontên ing Indhonesiah, sabên ngaturakên kasugêngan amarêngi taun raja, wontên ing dalêm guprênuran, punika wakil dalêm ingkang amêdhar sabda rumiyin, adat tatacara makatên punika sampun naun- manaun, sarta [sar...]

--- 32 ---

[...ta] inggih taksih kalastarèkakên dumugi taun raja ingkang kapêngkêr punika. Mênggah têtuladanipun malih atur kula wau kados ing ngandhap punika:

Nalika kangjêng tuwan guprênur jendral Jhr. Mr. Tjarda van Starkenborgh rawuh ing tanah Jawi, kapapagakên para nata Jawi, punika wakil dalêm ingkang ngaturakên kasugêngan rumiyin piyambak, sarta salaminipun pancèn inggih makatên, tumrapipun wontên ing nagari Walandi adat ingkang sampun ugi makatên, namung ewahipun sawêg nêmbe kapêngkêr punika.

Nalika Kangjêng Pangeran Arya Mataram kautus sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha wicaksana, dhatêng ing Nèdêrlan, ugi munjuk rumiyin dhatêng kangjêng sri maharaja putri, sasampunipun lajêng sawêg para nata sanès-sanèsipun.

Nalika jumênêngipun kangjêng sri maharaja putri 25 taun, utusan dalêm Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda, katampèn langkung rumiyin tinimbang para nata sanès-sanèsipun, môngka kala samantên kangjêng sultan ing Langkat ugi rawuh piyambak.

Dados miturut têtuladan ing nginggil wau, sampun cêtha sangêt bilih adat tatacara ingkang sampun-sampun, kaewahan, namung analôngsa sangêt dene ingkang sami kataman, inggih punika: sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha wicaksana kangjêng susuhunan, saha sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng sultan ing Ngayogyakarta, sami botên dipun aturi uninga langkung rumiyin, bab ewahing tatanan wau, amila inggih botên anèh manawi sami kagèt panggalih dalêm, dening ewahing adat tatacara punika nama dadakan. Botên rênaning panggalih dalêm nata sakalihan punika sabab dening sami kagèt ing panggalih, nalika uninga ewahing adat tatacara ingkang dadakan wau, kawontênan ingkang makatên punika sagêd anjalari botên prayogi tumrap gêgandhenganipun Regeering kalihan para Zelfbesturen.

Up rêdhaktur Java Bode Tuwan Zentgraaff amretalakakên kawontênan kados ingkang kasêbut ing nginggil wau, kalayan botên metang pamawasipun, jalaran mawi kawêwahan pakabaran ingkang botên prayogi tumrap para nata mandhiri, inggih punika: wontênipun ing nagari Walandi, Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara [Mang...]

--- 33 ---

[...kunagara] ingaosan sangêt, dene para nata sanèsipun punika sanès nata ingkang sajati, sabab pangastanipun praja botên kaasta piyambak. Pratelanipun Tuwan Zentgraaff ingkang makatên punika sagêd ugi lêrês, nanging klèntu sangêt pangintênipun bilih kawulanipun para nata Jawi panganggêpipun dhatêng sang nata botên kados ratu. Mila prêlu kêdah dipun sukani katrangan, tumrap panganggêpipun para kawula dalêm punika panganggêpipun dhatêng sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha wicaksana, inggih ratu gustinipun.

Cêkakipun inggih botên anggumunakên, bilih wontên pitakenan, punapa sababipun dene Regeering kala taun kapêngkêr punika angganjar kanugrahan dhatêng Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, inggih punika sêsêbutan Zijne Hoog Heid sarta kawisudha dados ajidan mirungganipun kangjêng sri maharaja putri, malah wontên ingkang ngintên bilih Regeering badhe misudha Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara dados nata (vorst) bab punika lajêng atêgês, ewahing verhouding ngipun praja mandhiri ing Surakarta, môngka miturut babad, Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara punika amung Pangeran Mardika (een onafhankelijk prins) dados sanès nata (vorst).

Awit saking punika, manawi pangintên kita wau lêrês, tindak-tandukipun Regeering kados ingkang kawursita ing nginggil, punika botên sanès namung badhe nuwuhakên prakawis ingkang botên prayogi, ingkang sayêktosipun sagêd ugi sanès ingkang kaparêngakên.

Makatên andharanipun sadhèrèk X ingkang kawrat wontên ing D.K. Wasana kula namung nyumanggakakên panggalihanipun ingkang wajib.

Sumantana.

--- 34 ---

Mêmuji Rahayuning Praja Tuwin Kasugênganipun Panjênêngan Dalêm Nata

Mêmuji rahayuning praja tuwin kasugênganipun panjênêngan dalêm nata punika, botên cêkap sarana pangucap, saening panêmbrama, pudyastawa tuwin kêndhuri sasaminipun, nanging kêdah tansah katindakakên lair batos kanthi êninging cipta.

(Dening: R.Ng. Ônggapradata).

Mênggah ebah osiking ciptanipun manungsa punika kadidene ombaking toya ingkang manut ingkang ngebahakên, utawi manut ingkang anjalari dados ombak, manawi wontên tiyang nyipta utawi anggagas punapa-punapa, môngka rosa sarta mindêng ebahing ciptanipun sagêd anggêtêrakên swasana ing sakubêngipun. Dene gêtêring swasana punika tamtu salaras kalihan gêtêring cipta, gêtêring cipta utawi swasana lajêng ngombak utawi natap dhatêng ciptaning tiyang sanès, tiyang sanès ingkang kawon daya utawi nunggil laras, tamtu lajêng katut nyipta utawi tumut anggagas punapa ingkang cinipta tiyang sakawit. Ciptanipun tiyang sanès wau lajêng sagêd anggêtêrakên ciptanipun tiyang sanès malih, makatên salajêngipun tular-tumular dumugi pundi-pundi. Dene têbih cêlaking tumularipun cipta punika gumantung dhatêng kêkiyatanipun pamikir tuwin kathahipun ingkang mikir. Kacariyos daya kêkiyatan ciptanipun tiyang satunggal, wiyaring têbanipun sagêd ngantos tigang pal mubêng.

Dados saupami tiyang kathah utawi tiyang sanagari sami nyipta sae, punika dayanipun tamtu badhe nguwoh kawontênan sae sarta lajêng mahanani rahayunipun nagari dalah saisènipun sadaya. Kosokwangsulipun manawi tiyang kathah sami anyipta awon, tansah manah badanipun piyambak utawi ngumbar hawa pêpenginanipun tamtu ugi badhe anguwoh kawontênan awon, utawi andadosakên kirang tata têntrêmipun nagari. Pundi ingkang langkung kathah dayanipun, awon punapa sae badhe unggul juritpun. Makatên wau salaras kalihan suraosipun ayating Kuran makatên: sira kabèh padha rumêksaa ing bêbaya kang arêp angênani ing sira, bêbaya mau ora ngêmungake marang manungsa kang tindak dudu utawa dosa, nanging uga bakal angênani marang sakabèhe manungsa kang ora dosa padha mèlu katut. Ayat sanèsipun mungêl makatên: sing sapa duwe panyana-nyana ala,

--- 35 ---

panyana ala iku bakal ambalik marang awake dhewe. Dene sing sapa nyana bêcik, iku uga bakal ambalik marang awake dhewe.

Awit saking punika dados pamanggih kula têtelanipun tata têntrêm sarta tata raharjanipun praja, punika awon sae gumantung wontên pamanahanipun tiyang ingkang sami dêdunung, botên cêkap saking pintêr sarta kawasisanipun para narapraja, tiyang mujia kaping pitu sadintên, manawi salêbêtipun manah namung tansah anggôntha piawon, tansah manah badanipun piyambak, ngumbar hawa pêpenginan tuwin angkara murka sasaminipun, punika tamtu tanpa damêl pamujinipun.

Sarèhning kados makatên watonipun, amila para kawulaning praja Surakarta langkung malih tumrap narapraja sarta para satriya. Manawi têmên-têmên anggènipun sami ngangkah karta raharja tuwin wilujêngipun nagari saha kaluhuran dalêm ratu pêpundhènipun, sumôngga sami sêsarêngan tumindak nyaèni badanipun piyambak-piyambak, sarana lampah anyucèkakên salira, kados ta: kêdah gadhah raos sih trêsna dhatêng ing sasami, rukun, rêmên têtulung, sampun gadhah manah drêngki, jail, panastèn, mèrèn, ngumbar hawa napsu (pêpenginan) nadyan kasêmbadan, arda angkara (angkara dhatêng kabandhan, kadrajatan, suwur sarta pangwasa), manawi botên sagêd makatên cêkap tumindak punapa samêsthinipun, ngèngêtana dhatêng wasitaning bôngsa Indhu: makartia aja anjagakake wohe. Têgêsipun: nyambuta damêl kalihan eklasing manah, nanging sampun gadhah pangangkah utawi ngajêng-ajêng badhe wohipun. Wontên malih pangandikanipun Kangjêng Nabi Ngisa: sêmbahyanga lan nyambuta gawe, têgêsipun, ngibadaha sarta nyambuta damêl kalihan sêngkut, nanging sampun ngajêng-ajêng wohipun. Cara Jawinipun, wong iku aja kakehan pangarah, bêgja cilaka wis ditaning sing kuwasa.

Manawi kula sadaya sampun tumindak makatên saèstu, kula tanggêl, tamtu nagari Surakarta badhe dados karta raharja tuwin tata têntrêm ing salami-laminipun, saha nambahi kaluhuran dalêm ratu gusti kita, katarik saking daya kêkiyatanipun cipta ingkang luhur wau. Nanging nadyan makatêna kathah-kathahipun tiyang wontên ingkang ngudaraos, tiyang manah gêsangipun piyambak sampun rêkaos, têka andadak mujèkakên tiyang kathah, kadospundi sagêdipun tumindak. Mênggah pamanggih makatên wau têtela klèntu sangêt, kauningana, tiyang mujèkakên sae tumuju dhatêng

--- 36 ---

tiyang kathah utawi jagad, punika têgêsipun, kita sampun kalêbêt ing jagad wau dados manawi jagad punika sampun sae tamtu kita ugi dados sae. Ing jaman mêlas asih punika saiba sae sarta utaminipun, saupami kita sagêd tumindak kados ingkang kita èsthi punika, wohipun tamtu botên namung damêl wilujêngipun praja kita kemawon, nanging kita nama badhe sagêd nguruni katêntrêman sarta rahayunipun ing jagad sadaya, kalêbêt ing buwana Asiah sarta Eropah ingkang sawêg nandhang rêtuning jagad.

Wasana atur pangajêng-ajêng kula ingkang luhur wau mugi dados pamanahanipun kawulaning praja Surakarta sadaya. Amin, amin, amin.

Dèwi Sawitri

(Sambêtipun organ ôngka 2)

Sasampunipun ngandika makatên dhatêng ingkang garwa, sang rajaputra ingkang asih trêsna dhatêng rama ibu wau, tumênga manginggil kalihan karuna, tuwin sêsambat mêlasarsa. Sang dèwi dupi priksa ingkang raka sangêt sungkawa, enggal nêmbah, lajêng ngusapi waspanipun, ingkang daleweran, sarwi matur: nugrahanipun sruning tapa brata, dêdana, sarta sêsaji kula, punika kaparingna samangke, badhe kula angge malês kasaenanipun marasêpuh sakalihan, tuwin guru laki kula. Nadyan salêbêtipun gêgujêngan, kula dèrèng nate ngucap dora, mugi dadosa sarana têdhasipun èsthining manah, tuwin pamuji kula, mugi marasêpuh kula kakung putri, lêstantuna basuki, sampun ngantos kalajêng murut ing kaankaanan. jati, ingkang sabab saking lungse antukipun laki kula punika. Sakèndêlipun sang dèwi, rajaputra Satyawan ngandika: yayi, aku sêlak kapengin wêruh rama ibu, mulane Sawitri aja suwe-suwe, mara padha mangkat mulih. Èsthiku yèn kangjêng rama lan kangjêng ibu seda, aku aja kongsi kèri anèng donya. Dhuh, bojoku, wong ayu, manawa kowe nêdya nêtêpi kautaman, kêpengin lastarine uripku, sarta wus dadi kawajibanmu, kudu gawe sênênge atiku, mara Sawitri banjur padha mulih. Dèwi Sawitri ngêncêngi ukêlipun, lajêng mitulungi ingkang raka, anggènipun jumênêng. Sasampunipun jêjêg, sarta lajêng milang-miling, karsanipun nêdya madosi kranjang wadhahing woh-wohan. Sang dèwi botên kasamaran [kasamar...]

--- 37 ---

[...an] dhatêng karsanipun ingkang raka, mila lajêng matur: kranjang ingkang sampun kêbak woh-wohan punika benjing-enjing kemawon dipun wangsuli, manawi kabêkta samangke mindhak makèwêdi lampah, wadungipun kemawon kula bêktanipun. Dene kranjangipun prayogi kacanthèlakên ing kajêng ngriki, sasampunipun mikul wadung, Dèwi Sawitri ingkang sulistya ing warni, marêpêgi ingkang raka. Astanipun Sang Satyawan ingkang kering, katumpangakên pamidhanganipun kering, astanipun sang dèwi ingkang kanan, ngrangkul bangkekanipun ingkang raka, lajêng kaajak lumampah, Sang Satyawan ngandika: kagawa saka kêrêpe dak ambah, nadyan pêtêng mêksa bisa wêruh dalane, sarta soroting rêmbulan ing sêla-sêlaning kêkayon, iku uga bisa mitulungi sawatara, aku ora pangling, yèn samêngko wis ngancik dalan kang diliwati esuk mau. Dhuh, putri linuwih, aja rangu-rangu yayi banjur nuruta dalan iki bae. Mêngko manawa têkan ing panggonan kang akèh wite plasa iku ana prapatan, kowe nuruta dalan kang ngalor. O yayi badanku samêngko wis krasa waras, kêkuwatanku wis pulih, kaya nguni-uni. Mara yayi dirikatake sawatara lakune, awit aku sêlak arêp wêruh rama ibu. Kalihan ngandika makatên Sang Satyawan ngêculakên anggènipun lendhotan pamidhanganing garwa, sarwi dhawuh supados sampun dipun lawani malih. Wasana lajêng anggêlak lampahipun.

Nyarêngi lêlampahan ing nginggil, Prabu Dyumatsena ingkang gêntur tapa bratanipun, punika wutaning paningalipun waluya jatining nguni, sagêd andulu samukawis malih. Nanging sênênging panggalihipun, ingkang tuwuh saking pajaring paningalipun wau, lajêng sirna tanpa tilas, awit katungka gênging prihatos, dening Sang Satyawan sampun lungse dèrèng katingal mantuk. Prabu Dyumatsena, sakalihan ingkang garwa, sakalangkung sungkawa, ngupaya musnaning putra. Sabên pratapan dipun ampiri, manawi botên wontên lumampah malih, lumêbêt ing wana, urut lèpèn, lajêng mandhap ing jurang, sabên mirêng suwantên sang prabu alok: galo yayi Satyawan, têka, diiringake Sawitri. Sarta lajêng nguwuh sora sarwi lumajêng dhatêng prênahing suwantên, kados tiyang kapanjingan ing dhêdhêmit, manawi botên wontên ingkang nyauri, lajêng andheprok sarwi karuna. Sang prabu sakalihan pramèswarinipun, sami ngêlus-êlus sampeyanipun ingkang daleweran rahipun, awit kabêrut ing ri, tuwin [tuwi...]

--- 38 ---

[...n] ron plasa, tuwin curi ing wana. Para brahmana ingkang dhêdhepok sakiwa têngênipun ngriku, nututi, sasampunipun pinanggih lan sang prabu, lajêng sami matur ngarih-arih. Sasampunipun lipur sawatawis, sang prabu kadhèrèkakên kondur dhatêng pratapanipun. Sadumugining dhepok, sang prabu dalah pramèswari Dèwi Sèwiya, lajêng mangkurêp ing pasarean. Dene para brahmana sami ngêpang sarwi ngrêrapu, sarana nyariyosakên lêlampahanipun para ratu ing kina-kina. Taksih wontên sambêtipun.

Putri Narpawandawa

Sadhèrèk rêdhaktur, kula mirêng saking sadhèrèk kula èstri ingkang dados warganipun Putri Narpawandawa, nyariyosakên kawontênan sarta kamajênganipun para putri santana dalêm, pamanah kula prêlu kasangsangakên wontên ing organ ngriki, ingkang supados katupiksa dening para santana dalêm ingkang sami kaparêng anggalih, mênggah wosing cariyosipun sadhèrèk kula èstri wau makatên:

Sanadyan adêgipun Putri Narpawandawa punika dèrèng sapintêna dangunipun, ewadene gliyak-gliyak kawontênanipun sampun nyênêngakên, kamajênganipun inggih nama lumayan, liripun, cacahing warganipun tansah mindhak-mindhak, dumugi sapunika sampun mèh kawan atusan, tandangipun sarwa cak-cêk, amila upami têtanêman makatên gêsangipun pakêmpalan lajêng enggal subur, wujudipun, simpênanipun arta kas nama sampun kathah, barang pirantosipun sampun nyêkapi kangge kabêtahanipun pakêmpalan, kabêkta saking makatên kawontênanipun wau, samangke Putri Narpawandawa ngadani damêl kursus astagina (handwerken) manggèn wontên ing dalêm Suryaningratan (Balowarti) sarèhning upami sêkar makatên sawêg mêkar-mêkaripun, mila lajêng kathah lare- lare prawan anak putranipun para santana dalêm, sami nglêbêti kursus astagina wau, dene ingkang dados panuntunipun kursus punika putri dalêm, Gusti Bandara Radèn Ayu Suryaningrat, kajawi paring tuntunan, ugi kathah paringipun kadarman, kados ta: pirantosipun nyongkèt, kursi, meja, dipun wontêni, dados tumrapipun para ingkang sami sinau kantun apawitan badhenipun kemawon. Kula tiyang sajawining rangkah, dipun cariyosi sadhèrèk kula èstri [è...]

--- 39 ---

[...stri] makatên wau, wontênipun namung sak gêdhêg-gêdhêg, dening sampun têtela bilih pandhêsuking jaman makatên pancèn langkung rosa, awit ingatasipun putri dalêm, tur botên kêkirangan, kaparêng andarmakakên saliranipun dados panuntun (guru) tur nyadhiyani pirantos pêpak sacêkapipun, punika pantês sangêt sinudarsana, mugi dadosa têtuladanipun para putri sanès- sanèsipun.

Wontên malih ada-adanipun Putri Narpawandawa ingkang langkung prayogi, inggih punika: ngwontênakên kursus, kangge andhidhik para putri sagêda sami kadhasaran watêk kaputrèn, runtutipun kalihan ancas tujunipun Putri Narpawandawa, pangangkahipun supados sagêd anggulawênthah dhatêng para putra, ing têmbenipun dadosa tiyang utami, tuwin têtêp ing kasatriyanipun. Kursus punika pamanggènipun wontên ing dalêmipun pangarsa Gusti Bandara Radèn Ayu Wuryaningrat, kalayan dipun pirantosi sacêkapipun. Mênggahing idham -idhaman kula, upami wiwit samangke para luhur kakung saha putri sami kaparêng paring pangayoman kados cacriyosan ing nginggil wau, saiba badhe prayoginipun tumrap para santana dalêm, dening badhe sami angsal pawitan kangge sanguning gêsang bêbrayan wontên ing praja, botên langkung minôngka panutup atur pamuji kula mugi sadaya ada-adanipun Putri Narpawandawa wau, sagêda widada nir sambekala. Amin.

Isining Organ Punika:

1. Kangjêng Pangeran Adipati Arya Pakualam kaping VII seda ... kaca 29 | 2. Utusan dalêm dhatêng Nèdêrlan ... kaca 31 | 3. Mêmuji rahayuning praja tuwin kasugênganipun panjênêngan dalêm nata ... kaca 34 | 4. Dèwi Sawitri ... kaca 36 | 5. Putri Narpawandawa ... kaca 37 | 6. Pananggalan | 7. Sultan Agungan.