Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1937-04, #407

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1937, #407
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1937-01, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #298.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1937-02, #407 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #517.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1937-03, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #518.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1937-04, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #519.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1937-05, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #520.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1937-06, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #521.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1937-07, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #522.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1937-09, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #523.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1937-10, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #524.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1937-11, #407 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #525.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1937-12, #407 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #526.

Ôngka 4, April 1937

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya Saha Wicaksana Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran - Surakarta. 735 ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO '37. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasradipraja, Kapatihan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Prihatos

Kramanipun Putri Yuliana sampun kalampahan wilujêng sadayanipun, miturut pawartosing sêrat-sêrat kabar, ing tanah Indhonesiah, langkung malih Nèdêrlan, sabên ing sakitha-kithanipun sami damêl pahargyan piyambak-piyambak, ing padunungan kita Surakarta ngriki sanadyan namung sêdhêrhana ugi botên purun kantun, sabibaripun ratu gusti kita têdhak dhatêng ing dalêm gupêrnuran, ugi kêparêng mirsani sadaya pasamuan, malah pawartos ingkang dipun siyarakên radhio, sapintên kakiranganing waradwaragad. pahargyan, gusti ratu kita ingkang anambahi, makatên ngantos ingga rampung.

Pahargyan dèrèng rampung sampun katungka jumêdhulipun kabar angin sok-sik nok-nik, ingkang suwau kula botên pitados, namung sarêng sêrat-sêrat kabar sami mêthik utawi suka kumêntar kadadosan ing nagari Walandi, tumrap urutipun pisungsung [pisung...]

--- 42 ---

[...sung] katur dhatêng pangantèn agung, kula sawêg pitados manawi kabar angin wau, sagêd ugi kapara yêktos, mila kula si tukang rundha tumut urun wudhu, namung inggih wudhu arta budhêng ambokmanawi pajêng.

Manawi kula ngraosakên kadadosan utusan wêwakil dalêm ingkang ngèstrèni kramanipun Putri Yuliana, raosing manah kula sakêlangkung nalôngsa sangêt, amargi manawi miturut bangun turut tuwin urmat dalêm ratu gusti kita anggènipun mêmitran kalihan bôngsa Walandi, samantên ugi tumrap kangjêng parentah agung Walandi anggèning sampun paring gênging kapitadosan, bêbasan saglêpung pinara sasra kula botên nyana sangêt manawi ngantosa wontên kadadosan ingkang anyêdhih-nyêdhihakên, hara cobi para maos murih panjênêngan sadaya sami wuninga, manawi sajatosipun panganggêp dalêm kagungan mitra bôngsa Walandi punika botên namung wontên ing lair kemawon, nanging ugi trusing batos dalêm yêktos, tôndha pasêksèn nyata sabên irung sinuntak tamtu angakêni, inggih punika kados ta: sabên kangjêng tuwan gupêrnur jendral rawuh ing Surakarta, pakurmatan ing kraton katumplak blak, makatên ugi manawi dipun sowani abdinipun kangjêng gupêrmèn, tamtu katampi kanthi rênaning panggalih dalêm saha gênging kaurmatan, dalasan manawi dipun sowani para bôngsa Eropah, ugi katampi kanthi dhanganing panggalih dalêm saha botên kasupèn gênging kaurmatan, samantên ugi tumrap kangjêng parentah agung Walandi anggènipun ngêsokakên kapitadosan dhumatêng ratu gusti kita, kêbukti kados ta: sakathahing bintang saha sasêbutan ingkang ingga ing Nèdêrlan sampun mèh têlas.

Atur kula dhumatêng para maos, mênggah sakathahing bukti-bukti wau, kintên kula ambokmanawi sampun langkung saking cêkap, ewadene mêksa wontên kadadosan ingkang kirang manis, ingkang sagêd ugi kangjêng parentah agung Walandi ambokmanawi inggih kirang rêna, mila mênggah sakathahing kadadosan ingkang kirang sêdhêp wau, sarèhning sagêd kula namung nyuwantên ya talah têmên, botên sanès namung kula sumanggakakên ing kawicaksananipun kangjêng parentah agung Walandi, kita kantun nêngga wontên ing sanggar pamujan, kanthi nyênyuwun dhumatêng jawata linangkung, mugi si tukang damêl onar pinaringana emut, ingkang salajêngipun sagêd damêl padhanging jagad.

Kula nuwun para maos, kajawi kasêbut nginggil taksih wontên malih ingkang pêrlu [pêr...]

--- 43 ---

[...lu] kita acungakên, inggih punika wiwit sajumênêng dalêm engga dumugi ing dintên punika, botên sakêdhik yêyasan saha kadarman dalêm ingkang kangge kaparluwanipun kawula umum, samantên ugi mênggah sih kadarman dalêm ingkang dhumatêng kawulanipun kangjêng gupêrmèn, kados ta: lêlangên ingkang kasuwun pêkên malêm, pusaka sasamènipun ingkang kaparingakên abdinipun kangjêng gupêrmèn, dalasan kawula limrah kemawon manawi nuju gadhah damêl, upami nyuwun lêlangên, bêbasan dangu mêndhêt gadhahanipun piyambak, ugi lajêng kaparingan komplit, dene mamitran dalêm kalihan para raja sa-Indhonesiah, sakêlangkung sêmanak saha rumakêt sangêt, tôndha pasêksènipun manawi sarira dalêm mêrtamu utawi katamuan, sadaya kawontênan ing kraton kaêblak, malah saking lêga-lêgawa ing panggalih dalêm ingkang tanpa balung ri wau, ingga dumugi dintên punika botên sakêdhik ing ngarsa dalêm kêparêng angabdèkakên sêntananipun para raja ingkang nyuwun suwita, sadaya wau kajawi katampi kalayan rênaning panggalih dalêm, ugi lajêng kapapanakên panggenan ingkang nyamlêng-nya ... mlêng, mila dados miturut lêgawaning panggalih dalêm ingkang tansah kaêblak wau, têtêp manawi ratu gusti kita anêtêpi jumênêng dalêm nata, tansah mêmayu hayuning jagad, mila kula pitados, mênggah lêgawaning panggalih dalêm ingkang tanpa balung ri wau, tamtu kula tampi lêgawaning jagad raya, amargi bilih tindak makatên punika ingkang sagêd damêl padhanging jagad.

Kula nuwun, mênggah anggèn kula jèrèng kawontênan ing nginggil punika, botên kok kula nyêngkung-nyêngkungakên ratu gusti kita sajagad inggil piyambak, utawi nyêngkungakên gênging kadarman dalêm tanpa tandhing sasamènipun, punika babar pisan têbih sangêt, nanging lugu namung kula angge katrangan, mênggah lêgawaning panggalih dalêm ingkang bêbasanipun tanpa balung ri wau, sagêda dipun sêksèni ing jagad, sigêg.

Sapunika atur kula dhumatêng wadu wandawa dalêm saumumipun, langkung malih ingkang têrkêmukak, mênggah sakathahing kadadosan kados sansantana. utusan dalêm ingkang jagong kramanipun Putri Yuliana, sarèhning sampun nama kêlajêng, saking pêmanggih kula prayogi kasirêp, sasampunipun lajêng kêparênga mèngêti ing buku pèngêtan, dados ing têmbe manawi wontên kaparêng dalêm utusan inggih dhatênga pundi kemawon, sampun sagêd samêtasamêkta. komplit samudayanipun, namung kemawon badhe [ba...]

--- 44 ---

[...dhe] ngomplitakên punika mêsthinipun kêdah mawi milih, môngka milih ingkang salajêngipun sagêd kasêmbadan punika manawi lêrêsipun sakêlangkung gampil sangêt, namung la inggih punika wau, sarèhning wontên sabab ingkang mawarni-warni, dadosipun inggih lajêng botên kasil, malah sisip-sêmbiripun upami kajêng, môngka nyarêngi antopan, sagêd kabuncang yêktos, mênggah bab punika kintên kula umum angakêni gawating tumindak, namung punapa inggih rampung kita matur gawat nun gawa ... t, mêsthinipun rak inggih botên, kula pitados mêsthi botên, mila saking kayakinan kula, sadaya sakathahing gawat ingkang ngudubilah, kaping ngudubilai, punika sagêd cabar dening manunggilipun wadu wandawa dalêm saumumipun, langkung malih ingkang têrkêmukak, tôndha ringgit purwa lampahan Gathutkaca kêmbar, sarêng Radèn Arya Wrêkudhara tampi pradulipun Kurawa Ngasinan,Ngastinan. tanpa ampun gêbug Trênggalèk katêtêrakên Radèn Arya Gatutkaca, namung sarêng Prabu Dwarawati dongèng ingkang lidipun dongèng cocok kalihan lugunipun, sanalika Radèn Arya Wrêkudhara lilih dukanipun, ingkang salajêngipun ngandika, bênêr kowe jlithêng kakangku, tutuping atur kula kanthi panyuwun, dhuh wadu wandawa dalêm saumumipun langkung malih ingkang têrkêmukak, botên wontên satunggaling tiyang ingkang sagêd mulyakakên praja dalêm Surakarta Adiningrat, kajawi namung wadu wandawa dalêm saumumipun, mila kula pitados tamtu botên wontên satunggal kemawon, wadu wandawa dalêm ingkang nama anambut karya kangge dhiri pribadi, nanging kangge mulyaning praja dalah sakukubanipun kanthi kainsapan kairing kasucian punika nyata.§ Wah, bok ngatên yêktos, saiba saenipun. Red.

Si unyik Cakrapangarsa.

Wara-wara Pamulangan Taun 1937

Kumisi kagungan dalêm pamulangan Kasatriyan ngaturi uninga, lêbêtan taun punika kagungan dalêm pamulangan Pamardi Siwi nampèni murid enggal kangge voorklas.

Ing kagungan dalêm pamulangan Kasatriyan sarta Pamardi Putri anampèni murid ingkang tumrap klas II sapanginggil, amung jangkêpi sakirangipun cacahing murid saklas-klasipun wau. Dene anggèning kumikumisi. kagungan dalêm pamulangan Kasatriyan nampèni rare ingkang badhe sinau, katata kados ing ngandhap punika:

--- 45 ---

Tumrap Pamardi Siwi

Putra wayah buyut dalêm, tanggal kaping 31 Mèi 1937 wiwit jam 9 dumugi jam 11 siyang, canggah saha anaking canggah dalêm tanggal kaping 1 Juni 1937 wiwit jam 9 dumugi jam 11 siyang. Anaking abdi dalêm mantri sasaminipun sapanginggil tanggal kaping 2 Juni 1937 wiwit jam 9 dumugi jam 11 siyang.

Tumrap Pamardi Putri

Tanggal kaping 3 Juni 1937 wiwit jam 9 dumugi jam 12 siyang.

Tumrap Kasatriyan

Tanggal kaping 5 Juni 1937 wiwit jam 9 dumugi jam 12 siyang.

Amila para putra santana sarta abdi dalêm ingkang sumêdya anglêbêtakên putra utawi anakipun, sakêdhik-kêdhikipun kirang 30 dintên saking titimasa panampining murid, supados angaturakên suwunan dhatêng kumisi kanthi ampilanipun sêrat pikêkah, sêrat tôndha cacaran, sarta turunan biji raporêt ingkang kantun piyambak saking guruning rare. Sadaya wau ingkang anaking santana dalêm canggah utawi abdi dalêm kêdah mawi katêmênakên dening abdi dalêm pangrèh praja ingkang ambawahakên.

Dintên sarta wanci ingkang sampun katamtokakên wau rare ingkang kasuwunakên sinau supados dhatêng pamulangan parlu badhe nampèni katrangan saking kapala guru.

Manawi anggèning ngaturakên suwunan botên anêtêpi wara-wara, sagêd botên dipun tampèni, dene suwunan wau mawi katêrangna alamat sarta kampung pundi ingkang dipun dalêmi utawi dipun ênggèni.

Kaping 1 April 1937.

Wacaka: BratadipuraWisesa: Kusumabrata.

Dèwi Sawitri

Sambêtipun organ ôngka 3

Sanadyan sang prabu punapa malih pramèswari Dèwi Sèwiya, punika sampun sami kaladuk ing yuswa, ewadene ing dalu wau tansah karuna ngaru- ara, kadi lare [la...]

--- 46 ---

[...re] alit, sarwi sambat sarta nguwuh-uwuh putranipun. Rêsi Suwarman, pandhita ingkang botên nate cidra pangandikanipun, matur dhatêng sang prabu: sinuhun, sarana kawaspadan, kula priksa manawi Sang Satyawan taksih sugêng, karantên Sang Satyawan sêngsêm dhatêng tapa brata, saha momong dhatêng Dèwi Sawitri. Rêsi Gotama ngandika: kula sampun nyinau wedha dalah sapang-panganipun, ngantos antuk nugraha. Kula sampun tapa brata, sarta nêtêpi samêsthining Brahma Carya. Kula tansah ngangkah karênanipun Bathara Agni, tuwin sadaya ingkang darajat sanginggil kula. Kula têtêp dhatêng sêsanggêman, utawi nglampahi amung nêdha hawa kemawon, awit makatên lampah kula, têmah kula antuk nugraha, sagêd botên kasamaran dhatêng saobah-osiking bawana. Sampun sumêlang ing galih sinuhun, putra jêngandika Sang Satyawan, taksih lêstantun raharja. Sakèndêlipun Rêsi Gotama, siswanipun nyambêti atur: sadaya pangandika ingkang kawiyos saking tutukipun guru kula, mêsthi botên cidra. Lajêng dipun tamtokna kemawon, manawi Sang Satyawan botên kenging ing sambekala. Rêsi Gotama ngandika malih: manawi ngèngêti wirasatipun Dèwi Sawitri, sadaya mratandhani bilih sang dèwi botên sagêd dados rôndha. Mila putra jêngandika Sang Satyawan mêsthi taksih basuki. Sang Baratwaja nyambêti pangandika: manawi ngèngêti gênging kasutapan, saha sagêdipun mangrèh salira, sarta ciptanipun Dèwi Sawitri, Sang Satyawan mêsthi botên seda. Rêsi Dalbya ngandika: kula ugi kadugi namtokakên, bilih putra jêngandika taksih sami raharja. Rêsi Awastamba ngandika: nitik swaraning paksi ingkang sami nyabawa, sakiwa têngêning dhepok, sarta sang prabu waluya gêrahipun, punika kenging kangge panitikan, panjênênganipun sang prabu taksih dangu anggènipun kêdah nilar marcapada, awit SangtyawanSatyawan. botên seda. Rêsi Doma ngandika: sinuhun, putra jêngandika Sang Satyawan, ngimpun salir kautaman, sadaya tiyang ingkang pinanggih sami trêsna, sarta wêwijanganing salira nyasmitani manawi panjang yuswanipun, mila tamtu dèrèng wancinipun antaka.

Linipur sarana dêdongengan, saha kawruh warni-warni dening para brahmana wau, têmahan Prabu Dyumatsena sakalihan pramèswarinipun lajêng sami lipur. Dupi sampun wanci lingsir dalu Sang Satyawan lan Dèwi Sawitri sami dhatêng, kalihan sakalangkung suka, lajêng ngurêpi padaning rama ibu. Rikala punika para brahmana ngandika: sinuhun, [si...]

--- 47 ---

[...nuhun,] sokur bage sakêthi jumurung, dene sinuhun sampun pinanggih lan Sang Satyawan sagarwanipun, saha wutaning paningalipun sang prabu sampun waluya, dados sang prabu dintên punika nama antuk nugraha warni tiga sêsarêngan. Sinuhun, aturing brahmana punika mêsthi tumus dados lêlampahan, sarta badhe tansah wêwah-wêwah bêgjanipun sinuhun. Wasana para brahmana lajêng sami dêdupa, sarta sêsaji, nyuwunakên karaharjanipun Sang Prabu DumyatsenaDyumatsena. dalah narpaputra, dene Sang Satyawan dalah Dèwi Sawitri lajêng dipun parêngakên lênggah nunggil lan para brahmana. Wontên sawênèhing brahmana ingkang matur pitakèn dhatêng Sang Satyawan makatên: dhuh, rajaputra ingkang misuwur, punapa wigatosipun, dene kondur jêngandika ngantos lungse, punapa salêbêtipun wontên ing wana manggih pakèwêt. Dhuh, Satyawan, kadospundi dene jêngandika ngantos damêl sungkawaning rama ibu, ngantos para tapa sami bilulungan ngupaya jêngandika. Mirêng pandangunipun para tapa makatên wau, Sang Satyawan lajêng mangsuli atur makatên: suwau kula dhatêng wana kalihan Sawitri, awit rama ibu sampun marêngakên, sadumuginipun ing wana, kula lajêng madung kajêng, nanging botên dangu sirah kula kraos mumêt, mila kula cariyos dhatêng Sawitri, manawi badhe tilêm sakêdhap. Sawitri linggih kula bantalan pangkonipun lajêng tilêm kapati. Amung kamatênmakatên. punika ingkang kèngêtan cêtha. Salaminipun kula dèrèng nate tilêm makatên dangunipun, mila mugi sami dipun apuntêna kalêpatan kula, ingkang botên sangking panêmaha punika. Bagawan Gotama ngandika: saèstunipun jêngandika botên priksa, punapa usadanipun ingkang damêl waluyaning paningalipun rama jêngandika. Taksih wontên sambêtipun.

Isinipun Organ Punika

1. Prihatos ... kaca 41 | 2. Wara-wara pamulangan taun 1937 ... kaca 44 | 3. Dèwi Sawitri ... kaca 45 | 4. Nitik Sultan Agungan | 5. Pananggalan.