Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1937-05, #407

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1937, #407
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1937-01, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #298.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1937-02, #407 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #517.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1937-03, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #518.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1937-04, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #519.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1937-05, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #520.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1937-06, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #521.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1937-07, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #522.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1937-09, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #523.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1937-10, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #524.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1937-11, #407 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #525.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1937-12, #407 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #526.

Ôngka 5, Mèi 1937

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya Saha Wicaksana Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran - Surakarta. 735 ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO '37. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasradipraja, Kapatihan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Pèngêtan Parêpatan Agêng Mirunggan, ing Dintên Jumungah Sontên Kaping 9 April 1937, Wontên ing Wuryaningratan

Para pangrèh ingkang rawuh.

K.P.P. Suryadipura, mudha pangarsa

R.M.Ng. Sasradipraja, panitra I

R.M.Ng. Purwasastra, panitra II

Rm.H.Mr. Kartadipura, artaka I

Rm.Ng. Atmasaputra, artaka II

--- 50 ---

Rm. H. Cakrawinata, Rm. H. Pringgawinata, M. Èsmubrata ... para panitya

Para warga ingkang rawuh watawis 200 wakilipun sêrat-sêrat kabar 1. Swara Umum, 2. Sara Murti, 3. Darma Kôndha, 4. Sêdyatama, 5. Panyêbar Sêmangat, 6. Cahya Timur, 7. Dhaya Upaya, 8. Pêrbincangan.

Wanci jam 9 sontên, mudha pangarsa amêdhar sabda, sapisan, ngaturakên pambagya wilujêng dhatêng para warga tuwin para wakilipun sêrat-sêrat kabar, ingkang sami kaparêng marlokakên rawuh, kaping kalih ngaturakên panuwun dhatêng 1 pangarsa mulya K.R.M.H. Wuryaningrat, anggènipun sampun kaparêng paring papan, 2 para pangrèh Putri Narpawandawa, anggènipun sampun kaparêng ambiyantu ngrukti pasugatan, dalah upakartining parêpatan ing dalu punika.

Sadhèrèk, ing jaman ingkang kenging kawastanan nêdhêng-nêdhêngipun bôngsa saindênging bawana, sami angudi dhatêng wêwahing luhuripun drajad, pakêmpalan Narpawandawa dipun têtangi manahipun, tumut-tumut arêrencang ngèngêtakên dhatêng para trahing nata Jawi, supados sampun sami kabêsturon, anampènana surunganing kamajêngan saking kiwa têngên, ingkang anuju dhatêng kabêtahanipun piyambak-piyambak, samasa dêrênging sêdya badhe nginggahakên drajading golongan, kanthi botên nyudakakên kaluhuraning sanès, punika saking pamanggih kula pêrlu dipun biyantu, nanging kosokwangsulipun, manawi sêdya wau badhe nyuda kaluhuraning nata Jawi, Narpawandawa kêdah botên kenging kèndêl kemawon, amila dalu punika pangrèh adamêl parêpatan agêng mirunggan, wigatosipun prêlu badhe angrêmbag bab sêrat kêkancinganipun kangjêng guprêmèn, katitimasan kaping 30 Sèptèmbêr 1936, ôngka 31, amargi punika ingkang dipun manah nylêpêk kalihan wêwangênipun, dene bab sanès-sanèsipun ingkang sampun kawrat ing wara-wara, punika pangrêmbagipun namung manawi taksih kacêkap wancinipun, sapunika parêpatan kula wiwiti.

Miturut agendha ôngka 1 ingkang karêmbag bab sêsêbutanipun para darah dalêm,

--- 51 ---

badhe kaandharakên dening warga pangrèh R.M.H.Mr. Kartadipura. (Juru sabda lajêng minggah dhatêng pamimbaran) sêsorahipun kados ing ngandhap punika:

Parêpatan ingkang minulya.

Kula nuwun, anggèn kula ngadêg wontên ing pamimbaran punika, botên saking sinurung ing pêpenginan, murih lajêng sinêbut tiyang gagah, pintêr, sasaminipun, nanging adêg kula punika awit saking dhawuhipun pangrèh Narpawandawa, kados ingkang dipun dhawuhakên pangarsa punika wau, kula kapatah ngandharakên bibit sakawitipun Narpawandawa amanah bab sêsêbutanipun para darah dalêm, pêrlunipun supados para warga sami botên tidha-tidha ing panggalih, sabab manawi manah satunggaling bab ingkang botên gamblang mulabuka tuwin botên têrang badhe pikajêngipun, punika adhakanipun sok lajêng mandhêg mayong, wêkasan angsalipun putusan inggih botên nyênêngakên dhatêng manah.

Sadhèrèk, mênggah bibit sakawitipun rêmbag punika, sayêktosipun sampun kala taun 1935 inggih punika sawêdalipun waosan darah M.N. kaping 15 Oktobêr 1935 ôngka 5 ingkang ngêwrat sêsêbutanipun para canggah kadipatèn Mangkunagaran, kalilan mawi R.M. - R.Adj. utawi R.Aj. kala samantên pangrèh Narpawandawa inggih botên talompe lajêng macak atur dhatêng pêpatih dalêm lumantar wadananing putra santana dalêm (turunanipun sêrat paturan dalah têtêdhakanipun sêrat dhawuh wangsulanipun nagari sampun sami kawrat ing organ taun 1935 No. 12 taun 1936 No. 4 sarta 6) nama rêmbag dèrèng rampung, lajêng katungka wêdalipun sêrat kêkancinganipun kangjêng gupêrmèn katitimasan kaping 30 Sèptèmbêr 1936 ôngka 31 (pêrtalanipun ing têmbung Jawi sampun kaêwrat ing organ taun 1936 ôngka 12) saha sêrat kêkancinganipun pangagênging trah Mangkunagaran, katitimasan kaping 23 Oktobêr 1936 ôngka 28 (kawrat ing Darma Kôndha kaping 18 Ruwah Alip 1867 ôngka 249) ing ngriku pangrèh N.W. lajêng ginugah manahipun, nyinau punapa ingkang kamanah kirang prayogi tumrapipun para darah dalêm, pinanggihing pamanahan: kados ing ngandhap punika:

Ha: Kasêbut ing bab 1 sêrat kêkancinganipun kangjêng gupêrmèn wau, ukara ingkang mungêl: darahe panjênêngan dalêm nata ing Surakarta, punika [puni...]

--- 52 ---

[...ka] sanadyan sagêd ugi botên katêmaha pandamêlipun, utawi kawastanan sampun nyakup panjênêngan nata sadaya, liripun botên namung para nata ingkang sami jumênêng ing nagari ing Surakarta kemawon, nanging pangraosipun pangrèh suraosing ukara makatên wau kirang wiyar têbanipun, sabab manawi miturut suraosing bab 1 wau, ingkang kawênangakên ngangge sêsêbutan R.M. punika amung tumrap para darah dalêm nata ingkang jumênêng wontên nagari Surakarta, dados para darah dalêm nata ing Kartasura minggah, botên kawênangakên, amila têtêmbungan kasêbut nginggil, kasuwun santunipun mungêl: darahe panjênêngan dalêm nata kang isih jumênêng lan kang uwis-uwis, utawi kasantunan mungêl: darahe panjênêngan para nata kang padha nurunake nata kang padha ngadhaton ing Surakarta. Punika sampun nyakup saparlunipun.

Na. Bab pancêr, kados ingkang kasêbut bab 2 aksara: ha. Sêsêbutan radèn, punika sangandhapipun grad VI (dados grad VII, VIII sapiturutipun) ingkang kawênangakên lastari sêsêbutanipun, amung manawi saking pancêr jalêr, dados tumrap ingkang saking pancêr èstri namung dumugi grad VI ing ngriku pikajêngipun têmbung pancêr jalêr lan pancêr èstri, pêtêng, sabab wontên ingkang gadhah pamanggih pokoking pancêr jalêr, pancêr èstri wau, wiwit saking grad VI nanging wontên malih ingkang gadhah pamanggih wiwit saking grad I (putra-putri dalêm) manawi lêrês pokoking pancêr punika saking grad I tumrap darahipun para putra dalêm, sanadyan kasêlanan putra, wayah, buyut utawi canggahing putra dalêm wau, èstri, sasampunipun grad VI taksih lastari kawênangakên ngangge sêsêbutan radèn, run-tumurun. Amung kosokwangsulipun, tumrap darahipun putri dalêm, sanadyan kasêlanan putra, wayah, buyut, utawi canggahipun, jalêr, wêwênangipun ngangge sêsêbutan radèn inggih namung dumugi grad VI la punika pundi ingkang lêrês, kasumanggakakên rêmbagipun parêpatan, nanging sarèhning bakuning sêsêbutan wau, jêjêripun manut tatacaranipun kraton Jawi, (pokokipun inggih kraton Surakarta ngriki) môngka tatacaranipun ing Surakarta, sêsêbutanipun para darah dalêm punika botên kabedakakên pancêripun, [pa...]

--- 53 ---

[...ncêripun,] amila sêsêbutan radèn, sangandhapipun grad VI wau, kasuwun ugi botên kabeda-bedakakên saking pancêr jalêr lan èstri, dados kasuwun lastari kados ingkang kasêbut nawala dalêm, katitimasan kaping 28 Sawal Jimawal 1861 wontênipun pangrèh N.W. nyuwunakên sêsêbutan radèn run-tumurun, amargi manawi tatanan sêsêbutan radèn kados kêkancinganipun kangjêng gupêrmèn wau botên dipun ewahi, sagêd ugi anjalari bêngganging pasadherekan, wondene têrangipun makatên:

Wontên sadhèrèk kalih jalêr sarta èstri, pun Suta kalihan pun Naya, tunggil rama ibu, sami manggèn ing bawah gupêrmenan, taksih kalêrês grad VI saking panjênêngan dalêm nata, sarêng sami anak-anak (dados sampun grad VII) anakipun Suta angsal sêsêbutan radèn, nanging anakipun Naya botên, saya anèhipun malih saupami anakipun Naya wau lajêng wontên ingkang gêgriya ing bawah dalêm ngriki, tamtunipun lajêng angsal sêsêbutan radèn, run-tumurun, nanging sadhèrèkipun ingkang lastari manggèn ing bawah gupêrmenan sabab dening tatanan, botên sagêd angsal sêsêbutan radèn run-tumurun, inggih saking kawontênan makatên punika, adat lajêng tuwuh raos bênggang anggènipun sadherekan, amargi saking beda-bedaning sêsêbutanipun wau.

Sadhèrèk, wontênipun Narpawandawa lajêng enggal-enggal damêl parêpatan mirunggan dalu punika, pangrèh angèngêti bilih pêpacakipun kêkancinganipun kangjêng gupêrmèn ing bab 9 mratelakakên: sadaya sêsêbutan ingkang kasêbut ing kêkancingan wau, tumrap darah saking pancêr èstri, punika ingkang sulaya kalihan pêpacakipun pranatan wau, wiwit benjing tumapakipun tanggal sapisan Juli 1937 sami kasuwak. Dados manawi miturut wêwaton punika, gêsangipun sêsêbutan radèn tumrap grad VII sapangandhap, kajawi ingkang saking pancêr jalêr, amung kantun 82 dintên.

Ca. Samangke kula mangsuli ngrêmbag suraosing bab 1 ing sêrat kêkancinganipun kangjêng gupêrmèn wau, ing ngriku mratelakakên: ingkang kawênangakên sêsêbutan R.M. punika para darahing panjênêngan nata dumugi canggah, utawi darahipun pangagênging trah kadipatèn Mangkunagaran tuwin Pakualaman,

--- 54 ---

ugi dumugi canggah. Manawi sinuraos ungêling bab 1 wau, dados samangke sêsêbutanipun para putra sarta wayahing nata namung sami R.M. kemawon, môngka wêwatonipun ing Surakarta ngriki, para putraning nata punika sinêbut golonganing para gusti, dene para wayah dalêm, punika sinêbut golonganing para bandara, dados manawi makatên badhe sulaya kalihan kawontênanipun ngriki, ingkang dipun angge kina-makina. Punika wau kula aturakên, para canggah kadipatèn sapunika ugi kawênangakên sêsêbutan R.M. yèn makatên kaluhuraning panjênêngan dalêm nata punika badhe sami kemawon kalihan pangagêng kadipatèn, sanadyan ing pangintên pandamêlipun wêwaton makatên punika sagêd ugi botên kajarag, dados amung ambujêng enggalipun pangrèh N.W. botên angrujuki dhatêng wêwaton wau, amargi adamêl botên sakeca dhatêng kawontênan, wondene sabab-sababipun kula têrangakên kados ing ngandhap punika:

Sadhèrèk, miturut babad-babad ingkang sampun sami dipun sumêrêpi, wontênipun kadipatèn kêkalih punika saking sêmpalaning kraton Surakarta tuwin Ngayogyakarta, pangagêngipun miturut sêrat komisisaris pannès, sasêbutan: kangjêng pangeran adipati, kasêbut ing sêrat prajangjianipun Kangjêng Tuwan Mr. Piter Gerardus van Overstraten guprênur sarta dhirèktur ing tanah Jawi, katur ing Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping IV, pangkat kalênggahanipun K.P.H.H. Mangkunagara, punika dipun samèkakên kalihan putra dalêm ingkang miyos saking pramèswai (sanèsipun K.G.P.H. Anom) dados namung sajajar kalihan K.G.P.H. Mangkubumi saha K.G.P.H. Buminata, dalah wêwênangipun lênggah ing kursi, tuwin ngagêm tuwin copot pasikon, manawi nuju ngabyantara nata, manut putra dalêm kêkalih wau, ngantos dumugi sapriki kaurmatan, lêlênggahan, sêsêbutan, pêpangkataning putra-putranipun pancèn botên sami kalihan panjênêngan dalêm nata.

Kawontênan makatên punika botên namung ing akathah kemawon, ingkang ambedakakên, nanging kangjêng gupêrmèn piyambak inggih taksih ambedakakên, awit saking kawontênan wau, sawêg nama samêsthinipun kemawon bilih darah dalêm punika [pu...]

--- 55 ---

[...nika] kadamêl kaot, tinimbang darahipun pangagênging trah kadipatèn, môngka sapunika para canggah kadipatèn sampun sami kawênangakên ngangge sêsêbutan R.M. dados runtutipun tumrap para darah dalêm inggih kawêwahan langkung saking canggah, ingkang kawênangakên ngangge sêsêbutan R.M. wau.

Sadhèrèk, parêpatan dalu punika ingkang karêmbag pancèn sawêg sêsêbutanipun para darah dalêm, dados botên angrêmbag bab pangadilanipun, amila manawi wontên ingkang gadhah pamanggih, sêsêbutan R.M. wau kêdah gandhèng kalihan pangadilanipun, punika pamanggihipun pangrèh N.W. inggih rujuk, nanging ing wêkdal punika pancèn dèrèng dados rêmbag, sabab botên gandhèng, dados botên prayogi manawi bab pangadilan wau kacampur pangrêmbagipun kalihan bab sêsêbutan, sabab inggih wontên sêsêbutan R.M. ingkang botên mêsthi kawêngku ing raad van Justitie kados ta R.M. turunipun para bupati môncanagari, punika manawi kenging prakawis sipil, sanadyan bupati ingkang nurunakên wau taksih ngasta pandamêlan, pangadilanipun inggih dhatêng landrad, amung bilih prakawisipun wau kriminal punika dhatêng raad van Justitie mirsanana sêtatsêblat taun 1867 ôngka 10 amila pangrèh Narpawandawa mastani botên mapan bilih prakawis pangadilan wau lajêng kangge gêgaran angalang-alangi tumundhaning bab sêsêbutan.

Ngèngêti wêwaton kina-makina, ingkang kagungan wêwênang maringi sêsêbutan wau panjênêngan nata, awit saking punika rumiyinipun manawi kangjêng gupêrmèn badhe maringi sêsêbutan, utawi angganjar sêsêbutan dhatêng abdinipun, inggih nyuwun sarêmbag kalihan panjênêngan dalêm nata, sabab kangjêng gupêrmèn sampun pirsa bilih prakawis sêsêbutan wau pokokipun saking panjênêngan dalêm nata.

Awit saking jêjêr bakuning sêsêbutan punika saking panjênêngan nata, pangrèh mawas botên runtut dhatêng bangunan pranatan sêsêbutan ing kadipatèn Mangkunagaran ingkang nêmbe kagiyarakên punika, sabab ing ngriku mratelakakên sêsêbutanipun putra-putranipun K.P. adipati ingkang saking garwa padmi bilih dèrèng diwasa sinêbut gusti radèn mas utawi gusti radèn ajêng, nanging ingkang rama malah amung sêsêbutan kangjêng pangeran adipati kemawon, anèhipun malih putra kadipatèn Mangkunagaran wau manawi sampun diwasa sêsêbutanipun lajêng kantun kangjêng pangeran arya, dados [da...]

--- 56 ---

[...dos] gustinipun lajêng sirna piyambak. Môngka kangjêng gusti pangeran adipati anom ingkang pangkat kalênggahan, tuwin kaluhuranipun langkung inggil tinimbang kangjêng pangeran adipati, punika putra-putranipun botên mawi sêsêbutan gusti, amargi ingkang rama dèrèng jumênêng nata, malah pangraosipun pangrèh N.W. runtut tatanan sêsêbutan ingkang rumiyin, inggih punika: putranipun kangjêng pangeran adipati wau saking garwa padmi tuwin saking ampeyan sami sinêbut bandara radèn mas utawi bandara radèn ajêng, sapiturutipun.

Sadhèrèk, sasampunipun kula ngaturakên andharan ing nginggil, sanadyan wontên ingkang gadhah pamanggih, bilih kadipatèn Mangkunagaran sampun botên kabawah kaprentah kalihan kraton, nanging miturut aluran, tuwin wêwaton, punapadene kawontênan-kawontênan ingkang gumêlar, Narpawandawa mastani botên sagêd manawi kadipatèn makatên lajêng dipun sami kaluhuranipun kalihan kraton, sabab pancèn beda punapa-punapanipun, kados ta: bab lalênggahan, pakurmatan, sêsêbutan, pêpangkataning putra sami putra, sasaminipun, pancèn kadamêl beda, makatên ugi babad-babadipun inggih botên sami, dene wontên ingkang gadhah pamanggih sami kalihan kraton, dupèh sampun botên kabawah kaprentah, punika kajawi anggêga pamanggihipun piyambak, inggih nama ngrisak tatanan, ingkang nyudakakên kaluhuraning sanès, tundonipun namung andamêl mêsgul, sagêd ugi nuwuhakên walês-winalês, wêkasan risak sadaya.

Sadhèrèk, minôngka pambekasing sêling-sêrêp, kula pêrlu ngaturakên dhêdhasaripun pangrèh N.W. angrêmbag bab sêsêbutan darah, punika botên nêdya angrèmèhakên dhatêng adêgipun para kadipatèn kalihan kraton, nanging èsthining manah namung ambujêng adilipun, sarta botên adamêl kosèking kawontênan, liripun: Narpawandawa botên badhe mambêngi para canggah kadipatèn wau kawênangakên ngangge sêsêbutan R.M. Kosokwangsulipun, pangajêng-ajêngipun N.W. inggih sampun damêl pakèwêd bilih N.W. nyuwunakên indhaking sêsêbutanipun para warèng dalêm wau, amargi sawêg sami mindhak satataran, nanging manawi kados kawontênan sapunika ing kadipatèn Mangkunagaran sampun mindhak satatar, tumrap para darah dalêm botên mindhak punapa-punapa.

--- 57 ---

Wasana tutuping aturipun pangrèh N.W. amastani dèrèng lêrês sarta adadosakên botên sakeca tumrapipun kraton dalêm, tatanan sêsêbutan anyar kawrat kêkancinganipun kangjêng gupêrmèn taun 1936 ôngka 31 wau. Kajawi punika sarèhning samangke kadipatèn Mangkunagaran sampun ambangun pranatan sêsêbutaning para darah, ngewahi kalihan adat ingkang sampun, pamanggihipun pangrèh N.W. sêsêbutanipun para putra santana dalêm, ugi pêrlu lajêng kaewahan, kalêbêt sêsêbutanipun para warèng dalêm, mawi R.M. - R.Adj. utawi R.Aj. amung sarèhning bab tatanan ngewahi sêsêbutan santana wau sampun dados panggalihan dalêm, ingkang salaras kalihan pranatan kadipatèn Mangkunagaran nêmbe punika, mila dados dalu punika prayoginipun ingkang karêmbag amung tatanan-tatanan ingkang kawrat kêkancinganipun kangjêng gupêrmèn wau, ingkang botên sakeca tumrap kraton dalêm, kados ingkang sampun kaandharakên ing nginggil. Taksih wontên sambêtipun.

Beda-bedaning Pamanggih Bab Sêsêbutan

Pamanggihipun Radèn Wadana Dwijasewaya, kawrat ing Darma Kôndha ôngka 94, kenging dipun tampèni makatên:

1. Tumraping Ngayogyakarta, sêsêbutan: R.M., tumrap canggah kadipatèn punika sampun dangu wontênipun.

2. Panjênêngan nata, kalihan pangeran adipati, punika têtela beda.

3. Kêkancingan guprêmèn 30/9 36 No.31 punika botên amlorodakên para R.M. grad karaton IV minggah. Sampun sami kuwatos, botên prêlu karêmbag, utawi bok sampun sami ngrêmbag, prayogi kèndêl kemawon?

Anggènipun Narpawandawa ngrêmbag wau, ing pangintên tamtu beda pamanggihipun kalihan: Dwijasewayan, punapa kintên-kintên purun salah satunggal katêlukakên? Bokmanawi botên gampil. Lah mupakat pundi? Awit botên sagêd mawi wêwaton lêrês, lan ngadil sajati. Narpawandawa prêlu jawab punapa botên, kula namung sumôngga.

Rèhning kula rumaos kataman, prêlu ngaturi jawaban.

--- 58 ---

1. Tumrap ing Surakarta, canggah kadipatèn punika wontên ingkang kasêbut radèn, sarta radèn mas, dara, têtêpipun kasêbut radèn mas sarêng mêdal kêkancingan wau. Saminipun canggah Mangkubumèn, sêsêbutanipun wontên ingkang radèn, radèn mas, dara, nadyan wontên ing karaton, awit Mangkubumèn punika limrahing sêsêbutanipun ugi K.G.P.H.H. nanging samangke dèrèng wontên kêkancingan têtêping sêsêbutanipun, mila kaangkah kajunjung sadaya, dalah panunggilanipun grad V saking karaton, amargi grad IV kadipatèn punika urut-urutanipun inggih grad V karaton. Mênggah panjunjungipun, sanadyan bab grad lêlurining sêsêbutan wau lêrêsipun dados wawênang dalêm piyambak, nanging tamtunipun inggih têtantunan kangjêng guprêmèn.

2. Rèhning karaton punika têtela beda kalihan kadipatèn, mila botênTidak perlu dibaca. sampun ngantos wontên tindak-tanduk ingkang niyat nyamèkakên, sarta nyênyami, langkung malih ngungkuli karaton, mindhak nuwuhakên raos, sarta kawontênan kirang prayogi.

3. Jawaban ôngka tiga, sampun kalêbêt jawaban ôngka kalih. Kajawi punika tindak-tandukipun Narpawandawa makatên wau pantês pinuji, sarta ingayubagya, saya tumrap ingkang manah, ngaturakên panuwun mawantu-wantu, tuwin nyondhongi sangêt. Tumuntên parêpatan kemawon sadhèrèk!!

Rêmbag punika pamanah kula botên kasèp, awit upami botên wontên kêkancingan ingkang dèrèng dangu wêdalipun wau, rêmbag-rêmbag punika tamtu botên mêdal, mila manawi rekadayanipun Narpawandawa ingkang prayogi, sarta mikantuki tumrap pangrêksa kaluhuraning karaton, sarta anjunjung sêsêbutaning para darah, ngantos grad V santun sêsêbutan radèn mas sadaya, mugi sampun ngantos wontên ancung malih, sagêda anggalih kaluhuran sajatos, nyêmbuh panggalihan luhur, anggalih para kapêsan, sagêda sami kamulyan, amanggih rahayu, amin.

Surakarta kaping 29/4 1937. Pun: Dutadilaga

Pancènipun sêsorahipun juru sabda kala samantên sampun cêtha wela-wela, wontênipun Narpawandawa ngrêmbag bab kêkancingan wau, ingkang ôngka satunggal rumaos bilih suda kaluhuraning karaton dalêm, punika dipun [dipu...]

--- 59 ---

[...n] gondhèli sangêt, amargi sampun kalêbêt ing pranatan baku, dene bab sêsêbutan wau amung minôngka tôndha pasaksèn sudaning kaluhuranipun karaton dalêm, môngka pokokipun Narpawandawa punika inggih wontên ing ngriku, dados manawi dipun êndhakakên kados rêmbag Dwijasewayan, tangèh lamun sagêdipun kalampahan mêndhak, malah sok dhawah kosokwangsul. Red.

Katrangan

Kula nuwun, anggèn kula suwita dados tukang kêmitipun Narpawandawa punika botên sanès namung nêtêpi wajib kula dados santana dalêm, dene nêring cipta angluhurakên ratu gusti kita, mênggah lampah kula saking sakêdhik, angrundhani sadaya kagungan dalêm kanthi manah jujur, makatên upamènipun kados ta: ambabadi kagungan dalêm wana, ambokmanawi taksih wontên ingkang runggut, anusuki bokmanawi kagungan dalêm wit- witan wontên ingkang dipun kroyok jamur upas, punapadene ngungalakên kagungan dalêm diyan, ambokmanwi wontên ingkang amblêrêt, makatên salajêngipun ingga praja dalêm ing Surakarta botên kuciwa.

Kula nuwun, mênggah atur katrangan kula ing ngingil punika kintên kula botên kirang cêtha lan gamblang, namung nun inggih punika wau, saugi kêparêng nyêmak kanthi kawicaksanan, dene wontên ingkang taksih sêling-sêrêp duka sasamènipun, punika atur kula namung sumôngga.

Dhuh samantên gawating pangudi, nanging punapa inggih kita badhe mundur kapapag wot ogal-agil, punika sampun mêsthi botênipun, sabab kula mangrêtos badhe wohing pangudi sae, botên kenging botên, tamtu badhe wontên ingkang nyokong, mila kula pitados dhatêng kaelokaning Pangeran.

Manawi pancènipun kula botên sênêng sangêt nyêkung-nyêkungakên punika, nanging sapisan punika kula kapêksa anyêngkungakên, amargi wontên nalar ingkang kêdah kita cêngkungakên, inggih punika sikêpipun pangrèh Narpawandawa sapunika, pantês kita pèngêti kasêrat mangsi barleyan, amargi katitik anggènipun saiyêg nyambut damêl yêktosan, kabukti ingkang sawêg nêmbe punika kemawon, kados ta: manah panggêsanganipun wandawa dalêm ingkang kasrakat, badhe ngadani wèrêk sentral, nyuwunakên titêl radèn mas darah grad gangsal, nyudhiyani arta waragad ambokbilih wontên [wontê...]

--- 60 ---

[...n] wandawa dalêm ingkang tilar dunya, môngka nandhang kasrakat, punapadene anggènipun pangrèh gadhah sikêp kawicaksanan, inggih punika dene botên kengguh katuntun dhatêng juranging karisakan, mila kapitadosan kula têtêp satus pêrsèn kula gêbyurakên, amargi inggih ingkang kadunungan kawicaksanan punika, ingkang kêdah kita anut, ingkang kêdah kita labuhi ngêtog kakiyatan, sabab namung kawicaksanan ingkang sagêd junjung darajad kita saumumipun, mila kula pitados, tamtu badhe kabantu wandawa dalêm saumumipun, inggih ingkang wujud punapa kemawon.

Gadhèngipun kalihan atur kula ing nginggil, bêbasan nginanga dèrèng abang, kula maos ing sêrat-sêrat kabar, sakêdhap êngkas, gusti kula putra dalêm ingkang sinau wontên ngatas angin, wontên ingkang badhe kondur angajawi, kabaripun ugi sampun kagungan titêl, dados yèn makatên, ingga dumugi dintên punika, para putra utawi wayah dalêm wau, racak sampun kagungan titêl saking pasinaon luhur utawi sasêrêpan saking ngatas angin, kita warganing Narpawandawa wajib anglairakên gêmbiraning manah, amargi badhe rawuhipun gusti kula ingkang sampun dangu wontên ngatas angin wau, Narpawandawa badhe saya mindhak kukuh bakuhipun, lajêng sasampunipun botên antawis dangu malih, katungka konduripun gusti pangarsa kita, saking anggènipun jêmbarakên sasêrêpan ngidêri jagad, sampun tamtu kemawon benjing sarawuh dalêm wau, mêsthi paring angsal-angsal dhatêng Narpawandawa ingkang salajêngipun Narpawandawa gumregah ngambah jaman inggal.

Wah sêmantên gêmbiraning manahipun si unyik, bêbasanipun ngantos alit rêdi Himalaya, mila manawi sami anyondhongi, si unyik nyuwun usul, upami benjing konduripun pangarsa kita wau, para warganipun Narpawandawa sami kêparêng mêthuk, ambokmanawi langkung prayogi sangêt, amargi kajawi pangarsanipun Narpawandawa, ingkang langkung wigatos anggèning nglampahi ayahan dados utusan dalêm, mila sampun salêrêsipun warganing Narpawandawa mêthuk kanthi gambiraning manah, namung prayoginipun manawi usulipun si unyik dipun rujuki, murih botên pating slêbar, nanging sagêd golong, kêparênga pangrèh kemawon ingkang nata, botên langkung kula namung sumôngga.

Si unyik Cakrapangarsa.

--- 61 ---

Waluyan Bab Utusan Karajan Jawi (Delegatie) Dhatêng Nagari Walandi

Sayêktosipun tumrap kula raos botên sênênging manah, manawi maos pakabaran bab ngabyantaranipun para utusan karajan sakawan ing nagari Walandi, langkung malih manawi maos kula wontên ing organ Narpawandawa, namung nambahi panggrantêsing manah kemawon, amargi bab wau kajawi kita sayêktosipun botên wajib angrêmbag, tiwas damêl ribêtipun manah kemawon ingkang tundonipun botên badhe angsal pamarêm, aluwung botên cawe-cawe utawi angraosi. Dêlalah wêdalipun organ wulan kapêngkêr mêksa taksih ngêwrat pangudaraos punapa pamurina ingkang nawung prihatos saking sadhèrèk Cakrapangarsa, saya andadosakên ribêding manah kula. Mila ing ngriki kapêksa kula ngaturi waluyan, kanthi pangajêng-ajêng mugi bab punika sampun ngantos dipun ambali malih utawi bokmanawi waluyan kula punika sagêd dadosakên pamarêming panggalihipun para warganing Narpawandawa. Anggènipun sadhèrèk Cakrapangarsa mêdharakên saraosing manah bab sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha ingkang wicaksana, anggènipun sampun angluhurakên kautamèn dalêm saha kadarman dalêm dhatêng ing ngakathah kapara dhatêng ing jagad, têka angsal-angsalanipun makatên, punika saking pamanah kula radi kalêbêtên ing panampi. Kauningana mênggah lumèbèripun kautamèn sarta kadarman dalêm dhatêng tiyang kathah utawi sadhengah bôngsa malah dhatêng jagad, punika mêsthi sampun dipun akêni ing akathah utawi dipun uningani ing Pangeran Ingkang Murbèng Gêsang. Malah tumrap dhatêng pamarentah Walandi piyambak ugi sampun dipun akêni sangêt, sih sutrêsna sarta kasêtyan dalêm dhatêng Kangjêng Guprêmèn Walandi mastani ingkang sinuhun ing Surakarta punika Een loyaalvorst têgêsipun satunggaling nata ingkang tansah ngatingalakên kasêtyanipun dhatêng guprêmèn Walandi, dados mokal sangêt manawi ngantos kataman ingkang dadosakên runtiking panggalih dalêm. Sapunika bab panataning palênggahanipun para utusan karajan Jawi sakawan ing nagari Walandi, saking sêsêrêpan kula bab wau mligi dados wêwênang dalêm sri maharaja putri ing Nèdêrlan, dados wontên pilahipun kalihan wêwênang sarta tatananipun guprêmèn ing Indhiya Nèdêrlan ngriki. Têgêsipun manawi wontên gèsèhing tatanan palênggahan ing nagari Walandi kalihan ingkang sampun,

--- 62 ---

botên badhe angewah-ewah darajat utawi kaluhuranipun para nata wau. Tandhanipun ingkang kataman tatanan palênggahan makatên wau pamirêng kula saking sêrat kabar ing nagari Walandi botên tumrap namung para karajan sakawan, nanging ugi tumrap para utusaning karajan ing Eropah sadaya ingkang sami angèstrèni pikraman agung wau, kados ta kabaripun utusanipun sang nata binathara ing nagari Inggris, kalêrês ingkang rayi asma Hertog Kent punika lênggahipun ugi angênèmi para raja dhokol ing nagari Dhitslan (Ex Duitsche vorsten) ingkang langkung sêpuh yuswanipun. Dados ngantawisi tataning palênggahan tumrap ing nagari Walandi punika sasaminipun para raja utawi para hèrtoh sami kacampur, lajêng nèm sêpuhipun yuswa kangge wêwaton nèm sêpuhipun palênggahan, samantên sêsêrêpan kula saking sêrat pawartos, lêrês lêpatipun kula sumôngga saha nyuwun pangapuntênipun para maos. Sukur bage sèwu lajêng wontên waluyan ingkang opisil, matur nuwun.

Warga Narpawandawa: Ônggapradata

Kados rêmbag bab punika sampun cêkap kacuthêl dumugi samantên, gabug aos namung kasumanggakakên ingkang sami wajib anggalih. Red

Dèwi Sawitri

Sambêtipun organ Narpawandawa ôngka 4

Lajênging pangandikanipun Bagawan Gotama: mila prayoginipun Dèwi Sawitri kêparênga nyariyosakên kawontênan jêngandika. Salêbêtipun sare. Dhuh, sang dèwi suwawi lajêng kêparênga nyariyosakên, punapa ingkang sampun jêngandika panggih. Sadangunipun raka jêngandika sare. Môngga gèr, dipun cariyosna sadaya, awit pedah punapa dipun wados. Dupi wontên pamundhutipun Rêsi Gotama makatên wau, Dèwi Sawitri matur: mênggah panduginipun sang bagawan botên kalintu lakar kula priksa kawontênaning lêlampahan anèh, ingkang sampun kadadosan ing dintên kala wau siyang, sarta sadaya wau botên badhe kula singitakên, dados para tapa badhe tumuntên kasêmbadan karsanipun, suwawi brahmana sami dipun piyarsakna anggèn kula nyariyosakên kawontênaning lêlampahan. Pangandikanipun Maharsi Naradha, manawi dintên punika dhumawah ing papêsthènipun Satyawan kêdah antaka, mila kala wau enjing kula botên purun katilar wontên padhepokan, kumawantun mêksa andhèrèk [andhèrè...]

--- 63 ---

[...k] dhatêng wana. Dupi Sang Satyawan sare, Bathara Yama rawuh, jiwanipun Satyawan kairup lajêng dipun tangsuli, kabêkta dhatêng yomani. Awit saking pamundhi kula, dewaning antaka paring nugraha warni gangsal, ingkang kalih tumrap marasêpuh kula, inggih punika sagêda waluya wutaning paningalipun, kaping kalihipun sagêda nglênggahi dhamparing kaprabon lami. Ingkang satunggal tumrap bapa kula Prabu Aswapati, dipun parêngakên pêputra satus. Ingkang satunggal kula dipun parêngakên sêsuta jalêr satus, patutan kalihan Satyawan. Gangsalipun maringakên jiwanipun laki kula. Kajawi punika Hyang Yama andhawuhakên, bilih Sang Satyawan badhe ngantos kawan atus taun anggènipun dêdunung wontên ing marcapada. Walèh-walèh punapa, anggèn kula nêtêpi sêsanggêman triratya, punika amung nyuwunakên widadaning gêsangipun laki kula, dados lampah ingkang damêl sangsaraning badan salêbêtipun tigang dintên tigang dalu, punika nguwoh kabêgjan agêng kados ingkang sampun kula aturakên wau. Sakèndêlipun Dèwi Sawitri, para rêsi ngandika: dhuh, putri sukci, ingkang pinunjul sasamining tumitah, karantên jêngandika têtêp dhatêng sawarnining sêsanggêman, utawi darahing kusuma rêmbêsing madu ingkang murni, mila sagêd ngêntas sangsara, saha karibêdanipun rajaputra Satyawan.

Sasampunipun sêsanti saha ngalêmbana dhatêng Dèwi Sawitri, para rêsi lajêng sami pamit dhatêng Prabu Dyumatsena sakalihan, saha dhatêng Sang Satyawan, dupi sampun linilan lajêng sami wangsul dhatêng pratapanipun piyambak-piyambak. Taksih wontên sambêtipun.

Isinipun Organ Punika

1. Pèngêtan parêpatan mirunggan ... kaca 49 | 2. Parêpatan ingkang minulya ... kaca 56 | 3. Beda-bedaning pamanggih bab sêsêbutan ... kaca 57 | 4. Katrangan ... kaca 59 | 5. Waluyan bab utusan karajan Jawi ... kaca 61 | 6. Dèwi Sawitri ... kaca 62 | 7. Pananggalan