Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1937-06, #407

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1937, #407
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1937-01, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #298.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1937-02, #407 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #517.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1937-03, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #518.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1937-04, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #519.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1937-05, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #520.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1937-06, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #521.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1937-07, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #522.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1937-09, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #523.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1937-10, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #524.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1937-11, #407 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #525.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1937-12, #407 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #526.

Ôngka 6, Juni 1937

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya Saha Wicaksana Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran - Surakarta. 735 ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO '37. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasradipraja, Kapatihan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Pèngêtan Parêpatan Agêng Mirunggan Nalika Kaping 9 April 1937

Sambêtipun organ ôngka 5

Satêlasing sêsorahipun juru sabda, pangarsa lajêng nawèkakên dhatêng para warga, bokmanawi wontên ingkang badhe mêdhar sabda, mêwahi utawi nêdha katrangan tumrap sêsorah punika wau, kawontênanipun para warga ingkang sami mêdhar sabda:

I. Rm. Sasramijaya, sasampunipun mirêngakên andharanipun juru sabda, mênggahing panampinipun suraosing kêkancingan guprêmèn ôngka 31 punika miring, liripun, kenging dipun tumrapakên ing praja Kajawèn ngriki, nanging ugi kenging amung katumrapakên para santana ingkang sami manggèn ing bawah guprêmenan. Manawi kêkancingan wau katumrapakên ing praja Kajawèn, pancèn prêlu karêmbag ing parêpatan [parêpata...]

--- 66 ---

[...n] dalu punika, mangke kadospundi putusanipun, Narpawandawa lajêng adamêla mosi, kajawi punika bab pangadilan, ugi prêlu lajêng karêmbag pisan.

II. R.M. Sudarya Cakrasiswara, ngoncèki prakawis kêkancingan wau, gadhèngipun kalihan kaluhuran tuwin panguwaos dalêm, pancèn prêlu sangêt bab sêsêbutan punika dipun rêmbag, amargi para santana dalêm punika inggih kawajiban nuntun, sarta ngayomi para kawula, punapadene amanah kamajênganing praja. Langkung rumiyin para santana dalêm kêdah nguningani dhudhuk sèlèhing wawênangipun, môngka bab sêsêbutan wau minôngka têtangsul, dados prêlu sangêt, awit saking punika tamtunipun para sadhèrèk ingkang sami rawuh ing ngriki sami rujuk dhatêng rêmbagipun parêpatan dalu punika. Dene ingkang botên angrujuki punika masthinipun wontên sabab- sababipun, kenging kaperang dados 3.

1. Jalaran saking botên pradulèn.

2. Sabab saking ngrumaosi jirehan (minderwaardigheidsgevoel) dening ombaking pessimitisch utawi jalaran saking ajrih.

3. Amargi saking kabodhoanipun, utawi niyat anjarag nyulayani kalihan kabatosanipun piyambak.

Namung prêlu kasuwunakên katrangan, punapa kêkancingan wau sampun karêmbag kalihan karaton, salajêngipun prêlu kaèngêtakên, kasagahanipun guprêmèn ingkang sampun kawahyakakên wontên ing rad kawula, kala taun 1918 inggih punika sagah ngajêngakên sarta nyantosakakên adêging karajan Jawi, supados lajêng sagêd madêg pribadi, gandhèngipun kalihan pitakenanipun para warga wontên ing parêpatan apdhèling, punapa tuju wau sampun kaênêrakên mriku, kasagahan punika sampun dipun akêni awrat ing memori pan anwurd, nalika parêpatan (najaarzitting) taun 1929.

Sarèhning sadaya kawontênan punika kenging kagandhèngakên kalihan kasagahan wau, môngka B.K.P.H. Adiwijaya kala taksih dados warga rad kawula ugi sampun anglairakên kritik ingkang landhêp sangêt, kawrat ing Wawasan Umum tanggal kaping 19 Juli 1929 bab kathahing kawontênan ingkang botên cocog kalihan kasagahanipun pamarentah wau, kados ta: bab wontênipun sêtatsêblad [sêtatsêbla...]

--- 67 ---

[...d] taun 1921 ôngka 566 prakawis pêpilahaning kawula dalêm lan kawulanipun kangjêng guprêmèn, punika botên namung klèntu kemawon, (niet juist) nanging ugi botên apsah (Zelfs niet geldig) salajêngipun pamêdhar sabda anjalèntrèhakên bab sêtatsêblad wau, kalayan adhêdhasar adêg lan babadipun karaton dalêm, gandhèngipun kalihan kasagahanipun pamarentah. Lêlajênganipun pamêdhar sabda manah prêlu manawi Narpawandawa ngrêmbag bab sêsêbutan wau, makatên punika botên saking badhe ngrèmèhakên drajading golongan sanès, utawi badhe pados mênangipun piyambak, nanging namung ambujêng adilipun, samangke canggah kadipatèn kawênangakên ngangge sêsêbutan R.M. punika pamêdhar sabda manah botên wontên pakèwêdipun, nanging kosokwangsulipun, sarèhning canggah kadipatèn punika saminipun warèng dalêm, dados adilipun warèng dalêm ingkang sapunikanipun namung sêsêbutan radèn kemawon, sampun sapantêsipun bilih sapunika ugi kawênangakên ngangge sêsêbutan R.M. utawi R.Aj. Minôngka tutuping aturipun pamêdhar sabda, prêlu ngèngêtakên bilih sêsêbutan makatên inggih nyanggi kawajiban (Adeldom verplicht) wandawaning nata punika kêdah nyumêrêpi dhatêng ajining saliranipun, inggih punika kêdah ngurbanakên salira kangge mêmayu hayuning praja, awit manawi botên makatên lajêng nama tiwas-tuwas linairakên wontên ing donya dados wandawaning nata, nanging botên nêtêpi kasatriyanipun. Para santana dalêm kêdah luhur budinipun, liripun: sampun ngantos namung mrêlokakên pigunaning salira pribadi, dados punapa kemawon ingkang katindakakên, sagêda katujokakên dhatêng prêluning kawula lan praja.

III. K.R.T.Mr. Wôngsanagara, sakawit anglairakên pangalêmbananipun dhatêng juru sabda, anggènipun nêrangakên bab sêsêbutan wau kalayan gamblang, tur maton, prabot-prabotipun sangkêp. Pancèn sampun têrang bilih kaluhuraning karaton punika botên kenging kasamèkakên lan kadipatèn, nanging ingkang makatên wau botên prêlu kacêthak-cêthakakên, janji sanès tiyang bodho kemawon tamtu mangrêtosipun, lan ugi ngakêni, namung pamanggihipun pamêdhar sabda pancènipun sanès kêkancingan wau ingkang kaduwa, nanging jêjêripun malah wontên ing (Bijblad) bèibladipun, awit ing ngriku isinipun ngêmu raos [rao...]

--- 68 ---

[...s] nyamèkakên karaton lan kadipatèn, inggih panganggêp sami punika ingkang prêlu dipun icali, pitakènipun pamêdhar sabda, punapa inggih sami ta kaluhuraning kadipatèn punika kalihan karaton, punapa inggih ingkang sinuhun punika sami kalihan pangeran adipati (pangeran mardika) manawi pitakenan wau kajawab, botên sami, sampun samêsthinipun bilih kêkancingan wau kêdah dipun ewahi. Botên anèh manawi Narpawandawa ngrêmbag bab sêsêbutan punika angsal pandakwa nyêbar wiji mêmêngsahan, utawi nuwuhakên pangraos ingkang botên-botên, punika babarpisan botên dipun kajêngakên, malah anggènipun Narpawandawa ngrêmbag bab punika sagêd anjalari padhangipun satunggaling bab ingkang suwaunipun pêtêng, prakawis sêsêbutan R.M. utawi R.Aj. tumrap para warèng dalêm, punika prayoginipun wontêna dhawuh timbalan dalêm. Lêlajênganipun pamêdhar sabda gêtun, dene Sangkara Mudha ing Ngayogya botên saèstu damêl pêpanggihan lan pangrèh Narpawandawa, prêlu ngrêmbag sêsêbutanipun para santana dalêm wau, manawi adêgipun pakêmpalan darah dalêm punika taksih ngadêg piyambak-piyambak, salaminipun inggih botên badhe sae-sae, sanadyan pikajêngipun sae, nanging mêsthi badhe tuwuh sabab-sabab ingkang botên nyênêngakên, amila pangajêng-ajêngipun pamêdhar sabda, sagêda pakêmpalan ingkang tunggil damêl punika lajêng manunggil, pamêdhar sabda sampun rekadaya ngrêmbagi, supados sami rahayu ingkang pinanggih.

IV. R.M. Wiramandaka, wosipun 100% rujuk sangêt bilih para warèng dalêm punika kasuwunakên sêsêbutan R.M. utawi R.Aj.

V. R.M.H. Padmawinata, sakawit nyariyosakên carita Menak, bab kaluhuraning budinipun tiyang agung, sanadyan tiyang agung wau sagêd jumênêng sak raja, nanging sabab saking saliranipun punika sanès raja, dados botên karsa jumênêng raja, pamêdhar sabda rujuk para santana dalêm angudi wawênangipun, nanging kêdah ingkang santosa panggalihipun. Kajawi punika prêlu dipun èngêti bilih sampeyan dalêm wau mêmitran lan guprêmèn, kalayan sae, punika para santana kêdah sami ngèngêti, kosokwangsulipun, sampun ngantos dados pirantos ingkang anjalari kapitunaning karaton dalêm. Mênggahing pamanggihipun pamêdhar sabda, wontênipun Mangkunagaran [Mangkunaga...]

--- 69 ---

[...ran] dados mulya, punika sabab pangagêng dalah saandhahanipun sami sêtya sangêt, angglundhung dhatêng punapa kaparêngipun guprêmèn, wasana tutuping aturipun pamêdhar sabda angajêng-ajêng, supados sadaya sami ingkang pitados kemawon dhatêng adiling Allah.

Satêlasipun para ingkang sami amêdhar sabda, awit saking mupakatipun parêpatan, pangarsa mulya K.R.M.H. Wuryaningrat, paring jawaban dhatêng para ingkang sami mêdhar sabda wau, wosipun kados ing ngandhap punika:

I. Dhatêng pitakènipun R.M. Sasramijaya, punapa sêtatsêblad wau ugi katumrapakên ing karajan Jawi, punika sayêktosipun nyêbal saking jêjêring rêmbag, nanging sanadyan sêtatsêblad wau botên katumrapakên ing karajan Jawi, dados namung tumrap dhatêng bawah utawi kawulanipun guprêmèn kemawon, wosipun rak botên sakeca utawi botên prayogi, jalaran saking botên lêrês.

II. Dhatêng pitakènipun R.M. Sudarya Cakrasiswara, punapa guprêmèn botên sarêmbag rumiyin kalihan sampeyan dalêm ingkang sinuhun, punika sayêktosipun pitakenan ingkang anèh, awit sintên ingkang sumêrêp yèn sêtatsêblad wau sampun karêmbag utawi dèrèng, kajawi sampeyan dalêm ingkang sinuhun piyambak, mila prayoginipun kawangsulan, botên sumêrêp, amung manawi kakandhasakên sayêktos panyuraosipun dhatêng sêtatsêblad wau pancèn anèh lan botên lêrês.

III. Tumrap dhatêng K.R.T. Mr. Wongsanagara, bakuning sêsorahipun wau ngajêngakên usul ingkang radhikal, inggih punika ingkang prêlu punika nyêgah utawi ngicali pikajêngan karaton kasamèkakên kalihan kadipatèn, manawi botên makatên, tamtu ing têmbe wingkingipun tansah tuwuh rêbatan unggul bab lêlênggahan, aruming asma tuwin sanès-sanèsipun, nyumêrêpi oyok-oyokan rêbatan wawênang lan inggiling kalênggahan, punapa malih pasulayan sami bôngsa piyambak, jalaran saking botên narimah ing pandum, tumrapipun jaman samangke umumipun sampun sami kraos botên sênêng, têtiyang jaman sapunika sami botên gurnan nyawang utawi nyumêrêpi tindak makatên punika, dening botên prayogi, amila manawi dipun êmatakên sayêktos, tiyang ingkang rêmên [rê...]

--- 70 ---

[...mên] gadhah tindak kados makatên wau botên pêntas pantês. gêsang ing jaman sapunika, pantêsipun gêsang kala jaman Kartasura. Mênggahing sayêktosipun tumrap pamarentah ingkang sajati ing wawêngkonipun wontên kawontênan ingkang makatên wau botên rêna, pamarentah wajib nindakakên kaadilan, liripun, nglêrêsakên barang ingkang klèntu utawi botên lêrês, dados beda kalihan wataking kolonial sêtèlsêl kala jaman rumiyin, inggih punika malah rêmên angububi latuning cacongkrahan, cara makatên punika cara ingkang sampun kolot sangêt.

IV. Tumrap dhatêng usulipun R.M.H. Padmawinata, mrayogèkakên namung angglundhung kemawon, punika manawi sampun kalampahan angglundhung inggih badhe kêglundhung-glundhung, wêkasan kacêgur ing jurang, lajêng rampung.

Sasampunipun bab sêsêbutan wau karêmbag sawatawis rame, putusaning parêpatan Narpawandawa katêtêpakên damêl mosi, saha sêrat saos unjuk ing sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha wicaksana, kanthi turunanipun mosi. Wondene ingkang kapatah dados komisi nata prayogining têtêmbunganipun mosi, inggih punika 1. B.K.P.H. Adiwijaya, 1.2. K.R.T. Mr. Wôngsanagara, 3. R.M.H. Bratadipura.

K.R.T. Mr. Wôngsanagara mitêrangakên, tumrap usulipun sagêda para pakêmpalan santana punika manunggil, kadospundi.

Wangsulanipun pangarsa, usul wau katampèn, sarta ugi badhe kamanah sakecaning tumindakipun. Taksih wontên sambêtipun.

Bab sêsêbutan

Ôngka 38/586

Turunan

Sêrat paturanipun pangrèh Narpawandawa, katur wadananing putra santana dalêm têngên saha kiwa.

Kula nuwun, sasampunipun wontên tatanan anyar tumrap sêsêbutanipun para darahing aluhur, kawrat sêrat kêkacinganipun kangjêng guprêmèn, katitimasan kaping 30 Sèptèmbêr 1936 ôngka 31, saha wêdalipun bangunan pranatan sêsêbutan, [sêsê...]

--- 71 ---

[...butan,] tumrap para darahing kadipatèn Mangkunagaran, katitimasan kaping 23 Oktobêr 1936 ôngka 28, pangrèh Narpawandawa katêtangi manahipun, lajêng ngèngêti sêrat paturanipun katitimasan kaping 9 Nopèmbêr 1935 ôngka 59/512, sarta kaping 29 Pèbruari 1936 ôngka 10/525 amila nuntên adamêl parêpatan agêng mirunggan, nalika ing dintên Jumungah sontên tanggal kaping 9 April 1937, wontên ing Wuryaningratan, prêlu angrêmbag bab sêsêbutan wau, amargi miturut suraosing sêrat kêkancinganipun kangjêng guprêmèn kasêbut ing nginggil, samangke kaluhuranipun panjênêngan dalêm nata, amung kasamèkakên kalihan para kadipatèn, makatên punika pangrèh Narpawandawa mastani dèrèng lêrês sarta botên sakeca tumrapipun karaton dalêm, amargi wêwaton aluran (babad-babad) saha kawontênan ingkang gumêlar kasumêrêpan ing akathah, botên sagêd kadipatèn punika kasamèkakên kalihan karaton.

Awit saking karampunganipun rêmbag-rêmbag parêpatan agêng mirunggan ing nginggil, Narpawandawa katêtêpakên damêl mosi, ingkang tatêdhakanipun ing têmbung Jawi katur sarêng punika. Wondene bab sêsêbutan ingkang tumrap para putra santana dalêm, kasuwun dipun tata malih sagêdipun salaras kalihan pranatan sêsêbutanipun para darah kadipatèn Mangkunagaran, katitimasan kaping 23 Oktobêr 1936 ôngka 28, kalêbêt indhaking sêsêbutanipun para warèng dalêm, kalilanipun ngangge sêsêbutan radèn mas, radèn ajêng utawi radèn ayu, kados ingkang kawrat sêrat paturanipun pakêmpalan Narpawandawa ing ngajêng, amargi ing bangunan pranatan kadipatèn Mangkunagaran anyar punika, ngewahi adat ingkang sampun-sampun, inggih punika: samangke sêsêbutanipun para putra ingkang saking garwa padmi manawi dèrèng diwasa sinêbut gusti radèn mas utawi gusti radèn ajêng, môngka suwaunipun namung sinêbut bandara radèn mas, utawi bandara radèn ajêng, saha canggah kadipatèn Mangkunagaran ingkang ngajêng amung sêsêbutan radèn, sapunika kaparingan sêsêbutan radèn mas, radèn ajêng utawi radèn ayu. Mênggah punika salajêngipun konjuk kauningan ing sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya sasa [sa...]

--- 72 ---

[...sa] ingkang wicaksana kangjêng susuhunan, anyumanggakakên saha nyuwun dhawuh.

Katur tanggal kaping 18 Mèi 1937.

Mudha pangarsa: Wg. Suryadipura.

Panitra: Wg. Sasradipraja

Têtêdhakan Mosi

Nalika tanggal kaping 9 April 1937, pakêmpalan Narpawandawa damêl parêpatan agêng mirunggan, wontên ing Wuryaningratan Surakarta, dipun dhatêngi warga cacah 200, saha para wakilipun sêrat-sêrat kabar.

Sasampunipun anyumêrêpi sêrat kêkancinganipun kangjêng guprêmèn, katitimasan kaping 30 Sèptèmbêr 1936 ôngka 31, kawrat ing bèiblad ôngka 13711, tuwin amirêngakên sêsorahipun juru sabda, punapadene amirêngakên rêmbag-rêmbag ing parêpatan.

Amanah: pêpacak ing bèiblad punika namung katumrapakên dhatêng bawah wawêngkonipun kangjêng guprêmèn, dene tumrap wontên ing wawêngkonipun karajan Jawi, namung sagêd katumrapakên dhatêng kawulanipun kangjêng guprêmèn.

Amanah: isining suraosipun pêpacak wau, wontên sawatawis ingkang cêngkah kalihan tatanan ingkang tumindak ing karaton dalêm Surakarta, saha sulaya kalihan panganggêpipun para kawula dalêm.

Amanah: bilih bèiblad ôngka 13711, katumrapakên dhatêng kawulanipun kangjêng guprêmèn ingkang sami dêdunung wontên ing Surakarta, punika bedaning tatanan wau badhe anuwuhakên pakèwêd warni-warni, upaminipun, badhe sagêd wontên kawula dalêm ical wawênangipun ngangge sêsêbutan (radèn mas, radèn, sapanunggilanipun) awit saking anggènipun dados abdinipun kangjêng guprêmèn, makatên ugi sagêd ical sêsêbutanipun, sabab dening pindhah dêdunung wontên ing bawah guprêmenan.

--- 73 ---

Amanah: manawi bèiblad wau sêpên pêpacak ingkang anata sêsêbutanipun para putra putri dalêm, ingkang adêdalêm wontên ing bawah wawêngkonipun kangjêng guprêmèn, utawi dados abdinipun kangjêng guprêmèn.

Amanah: têtela pikajêngipun bèiblad ôngka: 13711 wau, karajan Jawi sakawan badhe dipun sami, ing môngka miturut wêwaton kina tuwin panganggêpipun ing akathah, jêjêring adêgipun kadipatèn punika pancèn kawon satatar katimbang karajan ingkang kaasta ing panjênêngan dalêm nata, dene anggèning kaot inggil satatar wau kacêtha wontên ing tatanan darah ingkang sampun tumindak salami-laminipun, inggih punika bedanipun sêsêbutaning grad I saha anggèning gradipun darah salajêngipun kaot satatar.

Anêtêpakên

I. Pêpacak ingkang ambeda-bedakakên pancêr jalêr kalihan pancêr èstri kasuwun ewahipun, inggih punika tumrap sêsêbutan radèn, sanadyan saking pancêr èstri ugi kawênangna kados pancêr jalêr run-tumurun tanpa wêwangên, ugêr têdhak turunipun nata ing Surakarta, utawi têdhak turunipun para nata ingkang sampun-sampun.

II. Sêsêbutan radèn mas, kawênangna tumrap têturunan pancêr jalêr, radèn ayu pancêr èstri dumugi grad V saking panjênêngan dalêm nata Surakarta saha para nata ingkang sampun-sampun.

III. Ing bèiblad kasuwun dipun wêwahi tatanan sêsêbutanipun para putra putri dalêm, miturut tatanan ingkang tumindak ing karaton dalêm Surakarta, ingkang sampun kaanggêp ing ngakathah.

Salajêngipun anamtokakên dhatêng pangrèh Narpawandawa amradinakên mosi punika dhatêng sadaya pangagênging paprentahan, saha sêrat-sêrat kabar supados enggal kasumêrêpan ing ngakathah.

Pangrèhing pakêmpalan Narpawandawa

Panitra: wg. Sasradipraja, Wakil pangarsa: wg. Suryadipura

--- 74 ---

Jagading Wanita

Ingkang badhe kula bèbèr wontên ing côndrawarti ngriki punika satunggaling kawontênan. Ingkang kula manah parlu angsal pangayomanipun Putri Narpawandawa, amargi sintên ta ingkang kawajiban anjunjung darajadipun para wanita, kajawi inggih namung pakêmpalanipun para wanita piyambak. Kula botên pisan-pisan, bêbasan: nglandhêpi carang apapak. Namung lugu murih para wanita wau, angsal pangaji-aji ingkang samêsthinipun. Mênggah têrangipun makatên.

Kirang langkung tigang wulanan ingkang kapêngkêr, wontên satunggaling santana dalêm putri. Ingkang sampun botên sagêd anglajêngakên anggènipun sasemahan. Jalaran saking ingkang jalêr sampun botên purun anêtêpi wajibing bêbrayan.

Nalika samantên, radèn ayu wau lajêng sowan ing pangadilan dalêm sarambi nyuwun rapak supados kapêgatakên kalihan semahipun.

Dhawuhing pangadilan. Radèn ayu wau katêtêpakên ambayar waragad rapak, kathahipun f 5,- gangsal rupiyah, sanadyan sawêg salêbêtipun kakirangan. Saking kêpenginipun badhe mêntas saking karibêtan, nêmpuh byat, bêbasan nglimang sukoni, ngupados ihtiyar arta f 5,- lajêng kaaturakên ing pangadilan.

Satampinipun arta waragad f 5,- pangadilan lajêng namtokakên semahipun, ngadhêp ing surambi dalêm. Parlu dipun paringi sumêrêp bilih ingkang èstri ngaturakên sêrat paturan rapak. Manawi rapak wau katindakakên, ingkang jalêr badhe kapitunan, awit saking kêdah mangsulakên sadaya ingkang dados sêsanggêmaning piyambakipun. Amila dipun prayogèkakên supados mulung saking kajêngipun tiyang jalêr, mêgat semahipun. Wasana ingkang jalêr inggih nyanggêmi kados pamrayogi wau, nanging gadhah panyuwun, mundhutakên pangiwal, kathahipun f 10,-

Radèn ayu wau sanès dintên, dipun tamtokakên ngadhêp ing pangadilan malih, parlu dipun paringi sumêrêp panêdhaning semahipun arta f 10,- sumêrêp pangiwal. Nanging radèn ayu ngaturakên jawaban botên sagêd mituruti, namung ngaturi sêsanggêman, botên badhe ngudi kados ingkang sampun dados prajanjianipun tiyang jalêr, ingkang sampun botên dipun têtêpi, kados ta: tiyang jalêr botên nyukani têdha, wangsulipun sri kawin ingkang kasambut.

--- 75 ---

Cêkaking rêmbag, pangadilan lajêng maringi sêrat pikudhung, pêgat rukun. Kawrat sêrat dhawuh kaping: ... ôngka ...

Nitik katrangan ing nginggil wau sadaya, saking pamatawis kula jagading wanita, bab salakirabi dumugi talak waris. Pangraos kula taksih kirang pangaosipun (aji), sabab:

I. Sasampunipun R.Aj. wau ambayar waragad rapak f 5,- botên dipun tindakakên rapakipun. Malah lajêng wontên lampah sanès. Ingkang katingal ngayomi dhatêng tiyang jalêr, inggih punika anggènipun pangadilan nyêrêp-nyêrêpakên dhatêng semahipun R.Aj. wau, supados mulung saking kajêngipun piyambak. Kalêksanan R.Aj. angsal sêrat pikudhung nama pêgad rukun.

Manawi pancèn pangadilan parlu nindakakên rêrigên makatên. Parlu punapa kêdah lajêng kadhawuhan ambayar waragad rapak langkung rumiyin.

II. Anggènipun R.Aj. dipun pundhuti sêsanggêman, anggèning botên sagêd ambayar arta pangiwal, saha sampun narimah botên nêdha wangsulipun sri kawin, punapadene narimah botên ngudi têdhanipun, salêbêtipun tiyang jalêr botên nêtêpi wajib. Panindak makatên punika, katingal bilih ingkang wajib ngayomi dhatêng pihak jalêr.

III. Sasampunipun R.Aj. nampèni sêrat pikudhung (pêgat rukun) lajêng mitêrangakên. Sarèhning gigat rapak kula wau botên saèstu katindakakên. Punapa waragad rapak ingkang sampun kaladosakên, kenging kasuwun wangsul. Dhawuhipun botên kenging, amargi wêwatonipun sadaya arta ingkang sampun katur botên sagêd kasuwun wangsul. Manawi makatên arta wau lajêng kasêrêpakên punapa?

Awit saking punika mugi dadosa panggalihanipun Putri Narpawandawa, wasana sumôngga.

S. Sasramijaya.

--- 76 ---

Asor Luhur sarta Bêgja Cilakaning Anak

Saking panaliti asor luhur lan bêgja cilakaning anak 90% gumantung kawontênanipun tiyang sêpuh.

(Dening: R.Ng, Ônggapradata)

Kula punika dados tiyang rêmên nênitèni kanthi panaliti sadaya lêlampahan ing donya, kados ta: lêlampahanipun manungsa, bêbrayan, bôngsa, praja, jaman, tuwin jagad, punapadene kathah pangalaman kula lêlampahan ingkang rungsit-rungsit sarta gawat ingkang kula sandhang, tuwin sakathahing coba ingkang tumanduk dhatêng badan kula, tujunipun sakathahing panandhang sarta coba tuwin kasangsaraning badan sarta manah wau lajêng sagêd kula racut dados piwulang têpa palupi, tuwin kawicaksanan kula, ngantos pindhanipun ing bêbasan Walandi sinêbut Door schade en schande wordt men wijs.

Manawi kula nyumêpinyumêrêpi. satunggaling tiyang ingkang manggih kabêgjan utawi kasangsaran, punika ing dalêm manah lajêng panjang panalusur kula, sabab-sababipun kadospundi dene lajêng sagêd nampèni kamulyan utawi kasangsaran makatên wau. Amargi soka wontên kadadosan mêsthi wontên sabab utawi jalaranipun. Saking kulina kula nênitèni makatên wau ngantos kados-kados sagêd namtokakên sarta sumêrêp, bilih manawi wontên lêlampahan makatên punika têmbenipun mêsthi badhe kadadosan makatên. Kosokwangsulipun, soka wontên kadadosan makatên, tamtu suwaunipun saking makatên.

Awit saking punika paniti priksa kula tumrap asor luhur tuwin bêgja cilakaning anak, punika têtelanipun sabagean agêng jalaranipun saking awon saening tindak tuwin budi pakartining tiyang sêpuhipun. Tandhanipun tumrap tiyang sêpuh ingkang sampun ngrumaosi sêpuhipun, manawi nyumêrêpi anakipun gadhah tindak murang sarak utawi maksiyat, ngantos andadosakên kasangsaran tuwin kanisthanipun, punika tamtu asring kawêdal pangunandikanipun ing dalêm manah: o wong lagi dadi cobaning wong tuwa. Utawi lajêng ngrumaosi bilih tindak-tanduking anak ingkang awon, punika dados piwêlèhipun tiyang sêpuh, bêbasan anak molah bapa kêpradhah, utawi anak punika dados pangiloning tiyang sêpuh.

Sampun pintên kemawon putranipun bôngsa luhur ingkang sae-sae tuwin anakipun tiyang ingkang mulya gêsangipun, nanging têmbenipun lajêng dados papa sangsara, makatên [maka...]

--- 77 ---

[...tên] wau botên sanès ingkang kathah jalaranipun saking pakartinipun tiyang sêpuh. Kula sumêrêp piyambak satunggaling anakipun tiyang mulya, sae kalakuanipun, sarêng sampun tinilar tiyang sêpuhipun, satunggiling wêktu manggih aral ingkang botên sapintêna sababipun, wasana botên nyana anak wau lajêng nampi patrapan sapudhêndhaning Pangeran ingkang agêng, inggih punika ingkang anjalari andadosakên lan asoring drajad tuwin icaling têdhanipun, cêkakipun lajêng dados papa sangsara. Nanging sarêng kula taliti kula sumêrêp bilih anak wau katranganipun kenging kukum batos saking pandamêling tiyang sêpuh ing nguni, awit tiyang sêpuh wau nadyan mulya nalika gêsangipun gadhah padatan asring rêmên ngèmèhakên tiyang tuwin nyakitakên manahipun tiyang. Anak makatên wau punapa botên nama mêmêlas. Dene botên rumaos dosa lajêng nampèni patrapan ingkang agêng.

Pancèn saking paniti pariksa kula tiyang dosa dhatêng sasaminipun gêsang jalaran tindak amêjahi têdhanipun tiyang utawi nyêrikakên manahipun tiyang, punika satunggaling dosa ingkang sakalangkung agêng, bêbasan tiyang ingkang kasêrikakên manahipun wau ngantos dumugi sakaratil maot taksih kumanthil-kanthil panggrantêsipun, dados cara agaminipun tiyang makatên wau ing benjing dumuginipun ing jaman akirat, tamtu badhe nampèni sapudhêndhaning Pangeran ingkang sakalangkung awrat, utawi anak turunipun ingkang badhe nampèni pituwas.

Dèwi Sawitri

Sambêtipun organ ôngka 5

Enjingipun, nalika plêthèking surya, sasampunipun manêmbah ing dewa, para brahmana wau sami pêpanggihan lan Prabu Dyumatsena, dene ingkang dados wiraosan, botên sanès kajawi amung ngalêmbana kautamènipun Dèwi Sawitri. Nanging anggènipun wiraosan lajêng sami kèndêl, awit kasaru dhatêngipun utusan saking praja Salwa, mawi kadhèrèkakên wadya sakalangkung kathah. Sasampunipun ngurmati para brahmana, saha nêmbah dhatêng Prabu Dyumatsena, utusan enggal matur, bilih mêngsah ingkang sampun ngêndhih kaprabonipun Prabu Dyumatsena, samangke sampun sirna, awit kacidra dening senapatinipun piyambak. Golonging rêmbagipun [rêmbagi...]

--- 78 ---

[...pun] kawula, isining praja Salwa, nêdya sami anjumênêngakên ratunipun lami. Ucapipun tiyang praja Salwa: nadyan wuta, utawa cacat kang kayangapa bae, Prabu Dyumatsena, kudu kajumênêngake dadi ratune wong praja Salwa manèh. Sasampunipun ngaturakên ucapipun tiyang sanagari, lajêng matur malih: sinuhun, pisowanipun para nayaka, ing panjênênganipun sinuhun, punika wigatos mapag ratunipun, mila ambêkta rata kaprabon, suwawi sinuhun, lajêng kêparênga, wahana rata papagan saking praja Salwa punika, enggaling cariyos, Prabu Dyumatsena lajêng bidhal, kaayap wadya kawan golongan, kondur dhatêng kadhatonipun, lajêng anglênggahi dhampar kaprabonipun para lêluhuripun ing nguni. Rikala têtiyang ing praja Salwa, ingkang mapag wau priksa ratunipun katingal taksih rosa, saha wutaning paningal sampun waluya, sangêt suka kanthi ngungun, mila ngantos kêdhèp têsmak pamandêngipun. Sadumugining kadhaton, Prabu Dyumatsena kajumênêngakên, saha Dèwi Sawitri, kalêksanan pêputra satus, dene para putranipun Dèwi Sawitri wau diwasanipun, sami sêngsêm dhumatêng kaprajuritan, kêndêl saha prawira, dados sagêd nyêmbuh kaluhuranipun bôngsa Salwa. Punapadene Prabu Aswapati Nata Madraka ingkang rama Dèwi Sawitri, ugi pêputra satus, mijil saking Dèwi Madawi. Samantên gênging nugrahanipun Dèwi Sawitri, dene sagêd damêl kamulyanipun piyambak, garwa, marasêpuh, tuwin ingkang rama sakalihan ibu.

Têlas.

Wara-wara

Bandara Kangjêng Pangeran Angabèi, ingkang kakarsakakên mangagêngi pasanggrahan dalêm Langênarja. Angwarak-warakakên, ing kagungan dalêm pasanggrahan Langênarja. Wawêngkon kaondêran dhistrik ing Grogol, kabupatèn kitha Surakarta, nglêbêt capuri kaprênah pêngkêran ing pasanggrahan, wontên sumuripun bur, sampun dangu toyanipun kenging kangge jampi sêsakit, sarta kawontênanipun toya sampun kapriksa dening laburaturiyum ing Batawi, pikantuking papriksan toya wau pancèn kathah campuraning jampi. Punapa malih katrangan saking dhoktêr mratelakakên, toya wau kenging kangge ngusadani:

--- 79 ---

1. Tiyang ingkang sakit (rematik) | 2. Tiyang ingkang sakit badan kirang kakiyatan (suwak) | 3. Tiyang ingkang sakit maras (siniwên) | 4. Tiyang ingkang sakit kadhas kudhis, tatu-tatu, saha sadaya sakit kulit.

Sarta langkung prayogi malih manawi ingkang sami jêjampi siram wau ngunjuk toyanipun sagêlas alit, utawi kalih sendhok dhahar sadintên.

Amila ing pasanggrahan dalêm Langênarja: sapunika sampun dipun iyasani kamar kangge pasiraman umum, supados paedahipun toya sagêd sumrambah ing ngakathah. Sabên dintên kabikak jam 6 enjing, dumugi jam 6 sontên, sintên ingkang sumêdya siram supados miturut pangaturan tuwin tarip ingkang sampun katamtokakên ing panggenan ngriku.

Tarip bayaran

Karcis kangge siram bôngsa Jawi, dangunipun ½ jam 20 sèn.

Karcis kangge siram bôngsa Jawi kupon isi 10 iji 1 rupiyah 50 sèn.

Karcis kangge siram bôngsa Jawi Sabrang, dangunipun ½ jam: 30 sèn

Karcis kangge siram bôngsa Jawi kupon isi 10 iji: 2 rupiyah.

Karcis namung kangge malêbêt capuri pasiraman: 3 sèn.

Nitipakên montor sarambahan, dangu-dangunipun 6 jam: 10 sèn.

Nitipakên pit montor sarambahan dangu-dangunipun 6 jam: 6 sèn

Nitipakên pit sarambahan dangu-dangunipun 6 jam: 3 sèn.

Bandara Kangjêng Pangeran Angabèi.

Isinipun Organ Punika:

Pèngêtan parêpatan agêng mirunggan, nalika kaping 9 April 1937 ... kaca 65 | Turunan sêrat paturan ôngka 38/586 bab sêsêbutan ... kaca 70 | Têtêdhakan mosi ... kaca 72 | Jagading wanita ... kaca 74 | Asor luhur sarta bêgja cilakaning anak ... kaca 76 | Dèwi Sawitri ... kaca 77 | Wara-wara piguna sarta bayaranipun bilih adus sumur bur ing Langênarja ... kaca 78 | Pananggalan.