Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1937-09, #407

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1937, #407
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1937-01, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #298.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1937-02, #407 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #517.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1937-03, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #518.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1937-04, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #519.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1937-05, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #520.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1937-06, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #521.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1937-07, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #522.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1937-09, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #523.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1937-10, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #524.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1937-11, #407 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #525.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1937-12, #407 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #526.

Ôngka 9, Sèptèmbêr 1937

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya Saha Wicaksana Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran - Surakarta. 2145 ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO '37. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasradipraja, Kapatihan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Kawula lan Santana

Nalika ing dintên Ngahat sontên tanggal kaping 8 Agustus 1937, pakêmpalan Narpawandawa saèstu ngajangi sêsorahipun Dhoktêr Radèn Sutama, angsal-angsal anggènipun mêntas andon lêlana, bab gandhèngipun kawula lan santana (volk en adel) manggèn wontên ing dalêm Kusumayudan, para warga saha para tamu sami kakung putri ingkang rawuh wontên 400, wanci jam 7 trêp, wakil pangarsa amurwakani pêpanggihan, kados ing ngandhap punika:

Kula nuwun, sadèrèngipun pêpanggihan dalu punika kula bikak, langkung rumiyin kula ngunjukakên sêmbah panuwun konjuk ing panjênêngan dalêm Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda, anggènipun sampun marêngakên paring papan, kangge ngawontênakên [ngawontênakê...]

--- 114 ---

[...n] pêpanggihan dalu punika. Kaping kalihipun ngaturakên wilujêng saha panuwun, katur para warga kakung putri, tuwin para ulêman, anggènipun sampun sami kaparêng marlokakên ngrawuhi pêpanggihan punika. Makatên ugi dhatêng prikônca juru pawarti.

Nuwun, mênggah wigatosipun pêpanggihan dalu punika, kados ingkang sampun kapratelakakên ing sêrat sêdhahan sarta ing sêrat-sêrat kabar, inggih punika ngajangi, amirêngakên sêsorahipun sadhèrèk Dr. Radèn Sutama ing Surabaya, angsal-angsal anggènipun andon lêlana angidêri bawana. Kula pitados, manawi badhe sêsorahipun sadhèrèk Dr. Radèn Sutama punika mangke agêng paedahipun, tumrap para warga Narpawandawa, sarta para santana dalêm umumipun, amargi kula sadaya badhe nama tinarbuka ing manah, sasampuning mirêngakên kawontênan-kawontênan ing sanès nagari, ingkang larasipun kathah ingkang cocok kalihan ngriki. Dene pathining larasan pundi ingkang prayogi kangge pêpiridan, murih wilujênging anggèn kita sami gêsang wontên ing bêbrayan, kanthi sagêd anjalari saya luhuring asmanipun panjênêngan dalêm nata, lumèbèripun dhatêng putra santana, kula sumanggakakên panjênêngan piyambak-piyambak.

Sadèrèngipun sadhèrèk Dr. Radèn Sutama kula ancarani amiwiti sêsorahipun, awit saking namanipun pakêmpalan Narpawandawa, kula nglairakên bingahing manah sarta ngaturakên panuwun dhatêng panjênênganipun Dr. Radèn Sutama, anggènipun sampun kaparêng marlokakên sêsorah wontên kalanganing pakêmpalan Narpawandawa, angsal-angsal anggènipun andon lêlana angidêri bawana. Namung kawuningana, dalu punika para luhur kathah ingkang sami botên rawuh, sabab sami kadhawuhan sowan ing kadhaton. Makatên punika botên dados punapa, amargi sêsorah dalu punika benjing ugi badhe kawrat ing organ Narpawandawa. Dados ingkang botên sagêd mirêngakên, taksih sagêd nguningani wontên ing organ.

--- 115 ---

Sapunika pêpanggihan kula wiwiti.

Juru sabda R.Dr. Sutama, lajêng minggah dhatêng ing pamimbaran, amêdhar sabda ngangge basa Indhonesiah, sanadyan ing wêkdal wau wontên tamu putri ingkang mundhut supados sêsorahipun ngangge basa Jawi, nanging kabêkta juru sabda botên kulina dhatêng basa Jawi, amila namung nyuwun gênging pangapuntên, ewadene tumrap ingkang prêlu-prêlu kemawon, badhe dipun sêlingi ngangge basa Jawi, wondene wosing sêsorahipun kirang langkung makatên:

Pangarsa, sadèrèngipun kula miwiti sêsorah, angsal-angsal anggèn kula andon lêlana, ingkang rumiyin kula badhe anggambarakên daya-daya saking mônca, ingkang malêbêt dhatêng tanah wutah rah kula ing Indhonesiah, prêlunipun sagêda sagolong-golonganing bôngsa ing Indhonesiah punika nyumêrêpi dhatêng lêbêting daya-daya saking mônca wau, ing salajêngipun sêsarêngan nyambut damêl, kangge prêluning nuswa lan bôngsa Indhonesiah.

Pangarsa, kita bôngsa Indhonesiah, langkung malih bôngsa Jawi, wiwit kina-makina 300 taun sadèrèngipun Kristus, sampun nate sêsrawungan kalihan bôngsa Yunani, inggih tiyang Grikênlan, katitik saking nalika Tuwan Sêtèinkalênpèl, ahli barang kina ing Indhonesiah ngriki, sampun nate andhudhuk mayit wontên ing bawah Tasari (Jawi Wetan) sagêd manggihakên mayitipun tiyang Jawi ingkang ngangge kalung asli bêktan saking bôngsa Grikênlan wau. Ing jamanipun têtiyang Purtêgis angajawi, tiyang Jawi sêsrawungan lan bôngsa wau. Jaman Indhu ngantos dumugi jaman dhatêngipun têtiyang Islam, tiyang Indhonesiah tansah sêsrawungan kalihan bôngsa ngamônca, ingkang sadaya wau ambêkta daya prabawa saking nagarinipun, andayani dhatêng tata gêsang lan sarawungan kita brayat tiyang Indhonesiah.

Wujudipun, kados ta têmbung kursi, bandera, tuwin sanèsipun, punika têrang bêktan saking tiyang Purtêgis, ing jaman Indhu, kita brayat tiyang Indhonesiah kadayan daya pangaruhipun adat lan tatacaraning tiyang Indhu. Sang kalokèngrat Dhoktor Tagorê sasampunipun anjajah dhatêng tanah Jawi, sagêd mastani bilih daya pangaruh Indhu ingkang wontên ing tanah Jawi punika tumanêmipun langkung tinimbang wontên ing tanah Indhu piyambak, sadèrèngipun têtiyang Islam dhatêng, kita ugi kadayan pangaruh [panga...]

--- 116 ---

[...ruh] saking bôngsa Tionghwa ingkang Ngêjawi. Daya- daya wau sadaya saèstunipun anabêti dumugi ing dalêm raosipun brayat kita Jawi, minggahipun malih dhatêng brayat kita Indhonesiah umumipun.

Ing jaman ingkang kita idaki samangke punika, jaman Walandi, kula sami ugi kadayan pangaruh bêktan saking tiyang Walandi, panganggèn sarta pakulinan punapadene adat tatacara kita, kathah ingkang angemba Walandi, upaminipun panganggèn sapiturutipun. Dumugining sawangan inggih makatên. Kala jaman Tionghwa angêjawi ingkang kawitan, tiyang èstri ingkang sinêbut ayu, punika ugi angemba nyonyah Tionghwa, mripat sithip punapa suthup, punika kalêbêt sawangan ingkang kala jaman samantên. Jalaran saking daya pangaruh Tionghwa ingkang malêbêt ing brayat Jawi, kala samantên ngantos para kakung wontên ingkang akrama putri Tionghwa.

Ing jaman lêbêtipun Islam angêjawi, daya pangaruh ingkang malêbêt ing jagad Jawi, minggahipun malih dhatêng bôngsa-bôngsa ingkang dêdunung ing kapuloan Indhonesiah punika inggih botên sakêdhik. Dumuti Dumugi. samantên pamêdhar sabda lajêng ngandika makatên: tuwan pangarsa, punapa sababipun ing purwakaning sêsorah kula punika, kula sangkani mawi anggêpok lêlampahan kita ing jaman wingi-wingi? Kawuningana, saindênging jagad raya ing wêkdal punika, têtiyangipun sami ebah. Sami bêrgêrak, sami pados kamulyaning dhiri lan kabangsanipun. Ing Eropah têtiyangipun sami pêpuyêngan, botên têntrêm, jalaran saking suk-sukaning golongan ngandhap kalihan nginggil, panguwaos ing Eropah, kaasta ing golongan tiyang ingkang santosa, ingkang sangkêp dêdamêling kaprajuritanipun.

Tuwan pangarsa, tuwuhing panguwaos dhiktator, kados pasismê, sosial natsionalismê tuwin sanèsipun, punika sadaya namung tumuju dhatêng pados panguwaos wau. Kawontênan kados makatên punika saking cariyosipun tiyang Eropah piyambak, Tuwan Oswal Sêpèngêl, kasêbut ing dalêm sêratipun Der Untergang des Abendlandes, dados tita badhe jatuhipun, Eropah, têmbungipun Malayu, akên jatuhnya nêgêri dhaerah matahari têrbênam.

Ing tanah-tanah ingkang suwaunipun karêgêm ing tiyang Eropah, kados ta: Mêsir, Arab, Indhu tuwin sanès-sanèsipun, sami mêmpêng anggènipun bêrjuang pados [pado...]

--- 117 ---

[...s] kamardikaning siti wutah rahipun. Salêbêtipun Dhoktêr Sutama andon lêlana dhatêng nagari-nagari Islam, sumêrêp kadospundi dêrêngipun têtiyang Islam, anggèning nêdya manunggilakên golonganipun. Tiyang Arab kaum Wahabi sarta bôngsa Arab ingkang dipun pangagêngi Raja Ibnu Saod, damêl kontrak prajanjian kalihan Inggris, nêdhak sasami-sami. Bôngsa Wahabi, Irak, sarta Sèriyê tansah ambudidaya, kadospundi sagêdipun bêrsatu dados satunggal, awujud pêrsatuanipun kaum Islam, botên pating prênthil kados ing wingi- wingi.

Bôngsa Indhu kaum kabangsan ingkang dados pêngikutipun Mahatma Gandi sarta Yawaharal Nèhru, sêsarêngan amangun masarakat baru tumrap bôngsa Indhu. Pamêdhar sabda rumaos bêgja kamayangan, dene bôngsa Indhonesiah taksih gêsang rohipun, tumut ebah, bêrgêrak, manut ombak umbuling jagad raya, jagad intêrnatsional, sêdya ngudi kamulyaning pribadinipun, sarta siti dunungipun, inggih siti wutah rahipun.

Pamêdhar sabda nyariyosakên, bilih salêbêtipun andon lêlana dhatêng môncapraja, sagêd nyumêrêpi kawontênan warni-warni, cocog utawi larasipun kalihan kawontênan kita bôngsa Indhonesiah. Kasêbut ing dalêm babadipun bôngsa Indhu, panuntun -panuntunipun ing nguni dumugi sapunika, inggih punika bôngsa Brahman, kados ta: Rama, Krisna, Budha sarta Gandi ing jamanipun sapunika, sadaya sami trahing Brahmana, ingkang sami sagêd amangun kawontênan enggal tumrap bôngsa Indhu.

III. Ing mangke tumrap ing Indhonesiah kadospundi? Tuwan pangarsa, miturut sêrat-sêrat babad, sêrat-sêrat piwulangipun bôngsa Indhonesiah, para darah, para bangsawan, inggih para satriya, punika ing wingi-wingi pancèn dados panuntun, dados pangayomaning rakyat, mila manawi ing jaman sapunika, para satriya botên manah dhatêng kabêtahanipun rakyat, botên angayomi dhatêng ingkang tinitah sèkèng, nama botên anglênggahi panggenanipun, atêgês dosa dhatêng ingkang nurunakên, tuwan pangarsa, wiwit ing jaman Majapait, dumugi Dêmak, Mataram, sapiturutipun, para bangsawan, para satriya punika tansah gêgandhengan kalihan rakyat, ing bab manah dhatêng kabêtahaning praja sarta katêntrêmaning rakyat.

Ing Eropah, tuwan pangarsa, ing nguni ugi makatên, nanging danguning dangu, sarêng golongan [go...]

--- 118 ---

[...longan] peodhal, golongan kaum bangsawan wau wiwit anglirwakakên dhatêng wajibipun, wiwit ing titimôngsa punika, golongan bangsawan wau kêdhêsêk mundur dening rakyat. Ing Ruslan, kaum ningrat prasasat ical, cuthêl babarpisan, dening pandhêsêkipun kaum Bolswiki, ing Itali kêndhalining paprentahan kacêpêng ing golongan pasistên, golonganipun Sang Musolini, ing Jêrman dening golongan nasional sosialis. Cêkakipun tumrap ing Eropah ing abad ingkang kula lampahi samangke punika, panguwaosing praja, kamardikaning rakyat, punika rinêgêm ing golongan ingkang santosa, ingkang kiyat dêdamêlipun, sintên ingkang botên tundhuk dhatêng golongan ingkang rosa wau, saèstu nun inggih badhe lêbur tanpa dadi.

Kawontênan ing Eropah ingkang kula sumêrêpi punika, kula laras botên cocog kalihan wêwatakan punapadene kawontênan kita bôngsa Indhonesiah umumipun. Mila awit saking punika ancasing pakêmpalan kula, inggih punika Parindra, ingkang gêgayuhanipun badhe pados kamulyaning bôngsa lan siti dunung kula Indhonesiah punika, botên nêdya badhe ngicali utawi ambedak-bedakakên golong-golongan ingkang sampun wontên samangke punika, nanging malah ngajêng-ajêng supados golong-golongan wau sami angêkahna golong-golonganipun piyambak-piyambak, sêsarêngan makarya tumrap pêrluning nuswa lan bôngsa Indhonesiah.

Tuwan pangarsa, kiranging pangaosipun para bangsawan ing Eropah, ngantos sawênèh wontên ingkang gadhah tanduk nyapèlèkakên manawi kapêthuk sêsarêngan lumampah ing margi, punika sababipun saèstu saking weyanipun piyambak, botên angênut lampahing jamanipun, kalimput kagêngên anggène manah badanipun piyambak, kaluhuran sarta kawibawanipun piyambak. Makatên punika mugi dadosa pêpèngêt, tuwan pangarsa.

Saèstunipun badhe wontên ingkang pitakèn, punapa wontên dumuginipun ing jaman punika, darahing aluhur ingkang taksih linuhurakên ing para kawulanipun. Wangsulan kula, sadangunipun kula anjajah nagari, wontên adat tatacaraning bôngsa, sambêtipun para luhur kalihan rakyat, ingkang pantês tinulad, linuri-luri dening

--- 119 ---

para bangsawan bôngsa Indhonesiah, inggih punika bôngsa Jêpang, rakyat Jêpang sumungkêmipun dhatêng ratu gustinipun, konjêm sayêktos, ngantos dumugi têlênging jantung.

Tiyang Jêpang panganggêpipun dhatêng ratu gustinipun, inggih punika turuning Bathara Surya, ingkang kautus ing Hyang Maha Sukci, rumêksa dhatêng rahayuning nagarinipun sarta rakyat Jêpang, makatên ugi dhatêng para darahing nata. Nalika sariranipun Dhoktêr Sutama dumugi nagari Jêpang, anêpangakên mitranipun, inggih punika Bandara Radèn Mas Arya Suyana, kalihan tiyang Jêpang ingkang dados pangagênging hotèl, nyriyosakên bilih sariranipun Radèn Mas Arya Suyana, punika darahing aluhur, putranipun suwargi Kangjêng Gusti Mangkunagara ingkang kaping VI. Pangagênging hotèl wau sangêt ing sungkêmipun dhatêng Radèn Mas Arya Suyana wau, dipun pilihakên kamar piyambak enz enz ngantos lift inggih punika kerekan kangge minggah dhatêng lotènging kamaripun Radèn Mas Arya Suyana wau botên kenging kacêpêng tiyang sanès, kajawi pangagêngipun wau piyambak, samantên tuwan pangarsa pangaji-ajinipun bôngsa Jêpang dhatêng para darahing aluhur, inggih darahing para nata, ingkang sinêbut kaum Samurai!

Nanging kosokwangsulipun, tuwan pangarsa, agênging darmanipun paa darah wau dhatêng rakyat, kula nun inggih botên baèn-baèn, botên sakêdhik, cêkak pangaji-ajinipun rakyat wau timbang sangêt kalihan kurbaning kaluhuranipun para darah wau ingkang awujud bôndha punapadene pikiran, ingkang piguna tumrap kamajêngan sarta karaharjaning rakyat Jêpang saumumipun. Inipêrsitèit ing Jêpang ing wiwitan punika saking kadarmanipun sawênèhing Pangeran Jêpang. Pamulangan dhoktêr ing Tokio ugi, sawênèh wontên ingkang sangking kadarmanipun pramèswari Mikadho ingkang jumênêng samangke punika.

Tuwan pangarsa, nalika kula wontên ing nagari Walandi, wontên ing pajagonganipun para sagêd, para otoritèitên, kula andongèng bab kawontênan sarta agênging kadarmanipun para darahing Jêpang wau dhatêng tiyang alit, dhatêng rakyat, panjênênganipun Tuwan Muhlênpèl, ingkang tumrapipun para sadhèrèk Surakarta, saèstu botên asing, jalaran sariranipun nate dados amtênar ing Surakarta ngriki, ingkang wêkdal punika ugi tumut jagongan ing pêpanggihanipun para sagêd wau, sasampunipun mirêngakên cariyos kula wau lajêng wicantên makatên: dhoktêr, [dho...]

--- 120 ---

[...ktêr,] ijêngandika pangling dhatêng nalurining wêwatakanipun lêluhur ijêngandika piyambak.

Ijêngandika pirsaa, sarta kula aturi maos sêrat-sêrat piwulangipun para luhur bôngsa ijêngandika Jawi piyambak, ing ngriku kêbak isi piwulang kautaman, piwulang wajibipun tiyang dados bôngsa luhur, bôngsa satriya, wajib angêgungakên dhatêng ambêk darma, suka têkên dhatêng tiyang ingkang kêlunyon, suka colok dhatêng tiyang ingkang kêpêtêngên enz enz makatên ugi tumrap ulah praja, wajibipun para satriya namung kêdah ngayomi dhatêng rakyat.

Dumugi samantên pamêdhar sabda nyariyosakên dêdongengan kala taksih lare, pitutur saking tiyang sêpuhipun, punapadene saking êmbahipun, ing bab kautaman, sarta wêwatêkan ingkang pantês kagilut dening para satriya, inggih punika kêdah têtêp mantêp, botên kenging gumunan, sarta kagetan, wêwatêkanipun satriya kêdah burus, sumêrêp dhatêng lênggahing adil.

Mugi sami angèngêtana, lêlampahan ingkang kawrat ing dalêm babad, onjonipun tanah Jawi, dening manunggilipun para darah kalihan rakyat, jaman kombulipun krajan Singasari, saking sih-sinihanipun gusti kawula, surêmipun: sabab saking darahipun wiwit cêngkah kalihan sadhèrèkipun piyambak (Radèn Wijaya) rakyatipun inggih lajêng pêcah-pêcah, botên gumolong dados satunggal, jaman Majapait, lajêng pindhah dhatêng Dêmak, sababipun inggih darahipun botên manunggil kalihan rakyat, sapiturutipun, ugi pêrsatuanipun darah lan rakyat pisah, dados titikan badhe surut, utawi larutipun krajan wau.

Tuwan pangarsa, kathah têpa palupi ing dalêm babad, ingkang anêdahakên dhatêng kita bôngsa Indhonesiah, bilih luhur lan asoripun nagari punika, gumantung wontên pêrsatuan, utawi manunggilipun kawula ing salêbêting nagari wau. Ing jamanipun Radèn Mas Sait, jamanipun Kangjêng Pangeran Mangkubumi, sagêdipun kasêmbadan sêdyanipun, inggih sêsarêngan kalihan rakyat, ing jaman Mataram, jaman Sutawijaya, sagêdipun madêg kratonipun, inggih saking sumuyuting rakyat.

Tuwan pangarsa, bokmanawi cêkap samantên kemawon atur kula, sarta ing ngriki kula prêlu ngaturakên punapa ingkang dados gêgayuhanipun Parindra, inggih punika sagêda sagolong-golonganipun bôngsa Indhonesiah punika anambut karya, [kar...]

--- 121 ---

[...ya,] nêtêpi dhatêng kawajibanipun piyambak-piyambak, ingkang mikantuki dhatêng bêtahing kabangsan, Parindra botên nêdya makèwêdi dhatêng lastarinipun golongan-golongan wau, kapara gadhah pangangkah, sagêda golongan darah, rakyat, kaum dagang, tuwin sanèsipun kêmpal dados satunggal, sêsarêngan nyambut damêl tumrap parluning bôngsa lan siti wutah rah kita Indhonesiah.

Amung samantên tuwan pangarsa atur kula, sêsorahipun Dhoktêr Sutama punika katampèn ing kêplok mawurahan dening para ingkang sami rawuh.

V. Satêlasing sêsorahipun Dhoktêr Sutama, panjênêngan dalêm Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda, mêrlokakên mundhut pitakèn rumiyin, amargi sêlak badhe sowan malêbêt, wosing pandangunipun dhatêng Dhoktêr Sutama, kadospundi sêsambêtaning salakirabi tumrap para luhur ing tanah Jêpang punika, punapa inggih kados ing tanah Jawi ngriki? Tumrap ing Eropah, darahing aluhur punika, botên kenging salakirai kalihan tiyang alit, dados kosokwangsulipun kalihan ing tanah Jawi, kados ta: kula piyambak tuwan dhoktêr, ninèk kula punika inggih tiyang alit kemawon, asli saking parêdèn, anak-anak kula ingkang èstri kula emah-emahakên inggih angsal tiyang alit kemawon, ingkang jalêr anggènipun sêsemahan, inggih angsal tiyang alit kemawon. Dados tumrapipun Jawi, para luhur kalihan rakyat, punika sampun dados satunggal, nunggil rahipun, mila awit saking punika sampun samêsthinipun, manawi Narpawandawa, nêtêpi lênggahing darahipun, kêdah tansah manah utawi nyambut damêl tumrap pêrluning rakyat umum, inggih ingkang dipun wastani pêrluning kabangsan wau.

Wangsulanipun Dhoktêr Sutama, kapranan sangêt mirêngakên pandangon sarta dhawuh katranganipun gusti kangjêng pangeran punika, amargi manawi sariranipun ingkang cariyos, bilih para luhur Jawi punika nunggil rahipun kalihan rakyat, sagêd ugi nuwuhakên sêling-sêrêp, agêngipun andhêdhêr sêsêngitan, nanging sapunika gusti kangjêng pangeran piyambak ingkang ngandika, dados saya ngêkahakên dhatêng pangajêng-ajêngipun Parindra, bilih wajibing satriya punika gadhah wajib ngayomi rakyat, tumraping salakirabi punika tumrap ing Eropah pancèn wontên awisanipun, ing Indhu makatên ugi, malah katêtêpakên ing dalêm wulangipun agami Indhu. Ing Jêpang ingkang ugi

--- 122 ---

anggadhahi tatanan agami piyambak, Sinto, saèstunipun inggih wontên bedanipun, nanging punika botên dados pokoking rêmbag, tumrap ing tanah Jawi utawi Indhonesiah umumipun, tabêting daya pangaruh Indhu wau, saèstunipun inggih taksih tumindak, nadyan umumipun sapunika sampun dados Islam, wujudipun: gadhah panuwun minggah pangkat, dhatêng kuburan nênuwun, kapengin gadhah semah ayu, plajêngipun inggih nênuwun dhatêng kuburan, makatên punika saèstunipun sulaya kalihan Islamipun.

Upaminipun malih bab panitisan, tiyang Jêpang gadhah pangandêl, bilih yitmaning lêluhuripun, punika botên badhe pindhah saking Jêpang, sarta tansah anjangkung dhatêng anak turunipun. Pangandêl kados makatên punika, ing jagad kita tiyang Islam ing Indhonesiah, nadyan lairipun botên, nanging yèn dipun pitakèni piyambakan wontên kamar ... kathah inggihipun.

Satêlasing sêsorahipun sadhèrèk Dhoktêr Sutama, wakil pangarsa R.M.H. Pringgawinata mêdhar sabda, pêpanggihan dipun kèndêlakên (Pauze) sawatawis mênit, prêlu dipun ladosi pangunjukan wedang, saha sintên para warga utawi para tamu ingkang sami badhe mundhut katrangan, kasuwun prasabên dhatêng pangrèh. Sasampunipun pêpanggihan kèndêl sawatawis mênit, lajêng katapukakên malih, kawontênanipun ingkang sami mêdhar sabda kados ing ngandhap punika:

R. Mulyasubrata ngèngêtakên, benjing yèn sêsorah malih, supados ngagêm têmbung Jawi, paedahipun langkung kraos, Dhoktêr Sutama mèsêm.

K.R.T. Mr. Wôngsanagara, isining sêsorahipun Dhoktêr Sutama, punika ringkêsanipun nyariyosakên, bêbrayan ingkang sae, punika ingkang laras, liring laras inggih punika jangkêp sarat rukunipun, manawi botên makatên, saèstunipun inggih botên sae. Pasêmon ingkang kawrat ing Kalatidha, panêkare bêcik-bêcik, parandene tan dadi, paliyasing jaman kalabêndu, punika lêbêtanipun namung anggambarakên, bêbrayan ingkang botên laras, botên sangkêp sarat rukunipun, mila wontênipun ebah-ebahan warni-warni punika ingkang dipun udi inggih pados laras wau. Dene bab kurban, tuladhanipun sadhèrèk Dhoktêr Sutama, punika manawi sagêd 100% inggih utami sangêt, namung limrahipun idhial, [idhi...]

--- 123 ---

[...al,] punika namung sagêd nyêlaki, lôngka sagêd ngêplêki, kajawi ingkang sampun sagêd ngicalakên akunipun, nanging punika idhial!

VI. Radèn Mas Sudarya, ngèngêtakên satriya punika wajib ngayomi dhatêng rakyat utawi kawula. Pangandika dalêm Gusti Kangjêng Kusumayuda pantês cinandhi, satriya kêdah sagêd kêmpal kalihan rakyat, nanging sampun têgês ngrusuhi, kosokwangsulipun ingkang wijil saking alit, ingkang jinunjung ing aluhur, kapundhut mantu tuwin sasaminipun, sampun singunên ningali ngandhap, mangke gèk sawêg dados bupati anom kemawon gêmang caos.

R.Ng. Kartaharjendra, tumrap tiyang Jawi ingkang rêmên maos kawontênan ombyaking jawi, saèstu botên sagêd cariyos botên angrujuki dhatêng sêsorahipun juru sabda Dhoktêr Sutama punika, amargi sêrat-sêrat piwulang Jawi, ingatasing ambêk kautaman, ulah praja sapiturutipun, pancèn inggih makatên punika isinipun. Mila kapasang yogi sangêt, Dhoktêr Sutama mêdharakên sêsorahipun kalangan ing Narpawandawa punika, amargi pancèn inggih taksih kathah para darah ingkang taksih mamang dhatêng ebah-ebahan kabangsan, dene tumrap para ingkang sampun anggêbyur ing pêrgêrakan, wêwah sêsêrêpanipun, ingkang tundonipun saya angagêngakên tekadipun.

R.M. Sutapa Wanabaya, nyariyosakên gawating kawontênan ing Surakarta. Gangsal taun sariranipun andhêkêm wontên ing Surakarta, sumêrêp bilih raos kabangsan ing ngriki taksih kandêl, namung kemawon tumrap para ingkang sumêdya anênangi raos wau, kêdah prigêl, paribasanipun: sing kêna iwake aja buthêk banyune. Salajêngipun pamêdhar sabda nêrangakên ancasipun P.K.S. ingkang sumêdya amêmulih sih-sinihanipun kawula lan gusti.

R.Ng. Dutadilaga panjang oreanipun, wosipun angrujuki andharanipun pamêdhar sabda, makatên punika botên namung ugêr rujuk, nanging ngangge wêwaton, bilih tujunipun gêsang (urip) punika gadhah karêp ambabarakên sadaya ingkang gumêlar punika, manawi bôngsa Indhu mastani darma, dados botên namung sênêng-sênêng ingkang tundonipun namung badhe damêl rêtuning jagad. Bab salakirabi ingkang dinangokakên gusti kangjêng kala wau, punika manawi miturut galagad kita, pancèn wontên [wontê...]

--- 124 ---

[...n] pêpalinipun, ingkang sae punika ingkang nunggil jinis, manawi Islam ingkang nunggil kuphunipun, punika ing pamrih, inggih jalaran angèngêti bilih gêsang punika gadhah kuwajiban ambabarakên kawontênan ingkang gumêlar punika, manawi sae babaranipun, saèstunipun inggih badhe adamêl rahayuning jagad.

R.M. Cakrapangarsa, pitakèn wiwitipun para darahing Jêpang agêng labêtipun dhatêng rakyat punika kadospundi?

Satêlasipun para ingkang sami mêdhar sabda wau, wakil pangarsa lajêng nyuwun dhatêng pangarsa mulya K.R.M.H. Wuryaningrat, minôngka pamungkas, kaparênga amêdhar sabda kadospundi ancêr-ancêr sayogining tindak, ingkang amrih dhatêng kasidaning sêdya, nir sambekala.

Pangarsa mulya lajêng mêdhar sabda wosipun kemawon, kados ing ngandhap punika.

Sasampunipun pamêdhar sabda anyêthakakên mênggah ingkang dados dhêdhasaranipun Parindra punapadene ancasipun Narpawandawa, anglairakên cocogipun dhatêng wosing sêsorahipun pamêdhar sabda Dhoktêr Sutama, inggih punika para darah kêdah gandhèng kalihan rakyat. Lupiya ingkang sampun cêtha wela-wela, anggêr gusti lan kawulanipun botên manunggil, praja mêsthi jatuh, rakyatipun risak. Jaman risakipun Majapait pindhah dhatêng Dêmak, jalaranipun inggih saking kawula lan gustinipun botên manunggil, Dêmak dhatêng Mataram inggih makatên. Jaman Sultan Agung mulya sakêdhap, nanging inggih lajêng jatuh malih, sabab inggih saking botên manunggil. Mataram dhatêng Kartasura, dumugi Surakarta tiyang Jawi têrus kaplorot, jalaranipun inggih saking congkrah kalihan bangsanipun piyambak. Sadaya punika pancènipun sampun dados piwulang ingkang mursid tumrap kita tiyang Jawi manawi purun ngraosakên sayêktos.

Dene bab tuladhanipun Dhoktêr Sutama kawontênan ing tanah Jêpang, punika tumrap sariranipun Kangjêng Wuryaningrat, sarèhning botên pirsa kawontênanipun ing ngrika, kulunun namung ngajêng-ajêng sagêda dados panggigahing raosipun warga Narpawandawa, nêtêpi sabdatama ingkang dados jimatipun Narpa, ingkang ungêlipun makatên: wajibing satriya, mêmayu hayuning donya, sirna piguna sarira. Wondene bab tuju ngêmpal kalihan rakyat, punika wiwit adêgipun Narpawandawa, pancèn sampun kaangkah sagêdipun [sa...]

--- 125 ---

[...gêdipun] makatên: ewadene yèn katingalipun sapunika dèrèng marêmakên, punika inggih saking dèrèng saiyêgipun.

Bab campuripun darah kalihan rakyat, punika sampun têrang, botên pêrlu nelad ing Jêpang. Kajawi makatên ingkang pêrlu dados pitakenan ing ngriki, politikipun Jêpang anggêpuk Tiongkok, sarta kabinèt krisis nêmbe punika ingkang angrêmbabangrêmbag. bêgrutêng pêrang, dados pitakenanipun pamêdhar sabda, punapa inggih makatên punika ingkang dipun wastani modhèrnêbês kaping punika? Kamajênganing tèknik, ingkang mijil saking landhêping intêlèg, kangge sarana pêjah-pinêjahan?

Mila pangajêng-ajêngipun pamêdhar sabda tumrap Indhonesiah sampun ngantos makatên, sagêda sadaya kamajêngan wau tumuju dhatêng wilujênging bêbrayan, rahayuning jagad! - wilujêng Narpawandawa, idhup Parindra.

Rèhning sadaya pamêdhar sabda nginggil punika namung ngiyatakên dhatêng pamanggihipun Dhoktêr Sutama, sasampunipun ngaturakên panuwun, sarta mêwahi katrangan sawatawis, jam 10 langkung sakêdhik, pêpanggihan bibaran kanthi wilujêng.

Pagrêjèn Narpawandawa

Nuwun, nalika parêpatan agêng mirunggan wontên ing dalêm Wuryaningratan kapêngkêr punika, sadhèrèk R.M. Cakrapangarsa amitêrangakên, bab kawontênanipun pagrêjèn Narpawandawa, sarèhning wêkdal kala samantên pangrèh botên sadhiya katrangan tumrap bab pagrêjèn wau, sarta ugi botên gampil anggènipun ngaturi katrangan ingkang cêkap, amargi kêdah mawi pêpetangan, amila minôngka katrangan pitakènipun sadhèrèk R.M. Cakrapangarsa, kala samantên, palapuranipun rad phan bêhir, kados ing ngandhap punika:

Pêrslah Kawontênanipun Padamêlan Pagêrjèn Narpawandawa

Nuwun, mênggah kawontênanipun pagêrjèn Narpawandawa ingkang katindakakên ing rad pan bêhir Narpawandawa salêbêtipun taun 1936, katimbang ingkang sampun kalampahan sanajan angèngêti mangsanipun taksih rêkaos, kenging dipun wastani majêng, wondene salêbêtipun taun wau cacahipun para lêngganan ingkang sami andandosakên [andandosa...]

--- 126 ---

[...kên] pangagêman sasaminipun kathahipun 280, cacah lêngganan samantên wau sabagean agêng kajawi parentah balekarta saha môndrasana namung para priyantun saha para partikulir sacêlakipun papan pagêrjèn saha ingkang sampun sumêrêp, wondene warganipun Narpawandawa piyambak ingkang sami marlokakên andandosakên namung sawatawis. Lumêbêtipun arta pêpajênganipun barang warni-warni wêlingan sêpatu, rasukan, saha epahan sasaminipun wontên f 1386,93, mêdalipun kangge epahan gêrji, sewan griya, pasewan dilah èlèktris, blônja lopêr sasaminipun wontên f 1220,995 ing pungkasaning wulan Dhesèmbêr 1936.

Arta ingkang wontên kas kathahipun f 363,195, arta samantên wau ingkang ngasta pangarsaning rad pan bêhir, mênggah bêbathènipun miturut pêpetangan wontên f 127,- kapitalipun dados f 750,69 mênggah kapital wau wontênipun kirang katimbang kalihan babon sakawit kabêkta saking rêrêgènipun bêkakas ingkang dados gadhahanipun pagêrjèn Narpawandawa wujud lêmari, mêsin, meja, kursi, sasaminipun ingkang gunggungipun panumbas sakawit wontên rêrêgèn f 436,325, ing sapunikanipun namung dipun aosi miturut rêrêgèn umum f 218,165, makatên ugi tumrap sadaya sambutanipun para tukang-tukang wèrêk bas saha lêngganan ingkang sampun lôngka angsaling panagihipun kirang langkung wontên f 50,- lajêng kaicalakên, dados ing saupami pangaosipun inpêntaris wau botên dipun kirangi, kapitalipun taksih jangkêp f 1000,- Narpawandawa nama botên kapitunan.

Tutuping wulan Dhesèmbêr wau para lêngganan ingkang dèrèng lunas pambayaripun kabêkta dèrèng dumugi wêwangên panagihipun gunggung wontên 32 rèkêning, pangaos f 131,225 barang-barang ingkang dados simpênan toko wontên rêrêgèn f 38,005 sadaya wau katranganipun kadosdene sêtat cacah 6 lêmbar ingkang dados lampiranipun sêrat palapuran punika.§ Sêtat-sêtat botên kapacak ing ngriki, mindhak ngêbak-êbaki papan. Red.

Mênggah tumindaking pagêrjèn wau dumuginipun ing wêkdal punika pangajêng-ajêngipun badhe angawontênakên werkverschaffing aan werkloozen para santana dalêm dèrèng

--- 127 ---

sagêd kasêmbadan, awit saking punika salêbêtipun taun punika sarèhning sampun dumugi kalamangsanipun saha kakintên botên badhe damêl kapitunanipun pagêrjèn Narpawandawa, para warganipun rad pan bêhir, pagêrjèn wau sampun gadhah pamanahan badhe ngawontênakên werkverschaffing wau, kadospundi lampah-lampahing sawanci-wanci sampun tumindak badhe tumuntên kalapurakên.

Nuwun, mênggah punika sadaya wau mugi dados kauninganipun pangrèh Narpawandawa saha nyumanggakakên.

Katur kaping 29 Juli 1937.

Panitra: Wg. WignyamarganaPangarsa: Wg. Bratadipura.

Sasampunipun para warga sami nguningani palapuran wau, murih widada tuwin sagêdipun subur gêsangipun pagrêjèn kita, panuwun pangajêng-ajêngipun pangrèh, mugi para warga sami kaparênga paring lêmèn sarana andandosakên pangagêman, utawi yêyasan sanèsipun, manawi sagêd kalampahan kados pangajêng- ajêng wau, saiba badhe saya prayoginipun tumraping kalangan kita para santana dalêm, wasana widada lan suburipun wau namung kantun gumantung wontên kaparêng pambiyantu panjênêngan sadaya.

Pangrèh

Isinipun Organ Punika:

1. Kawula lan santana (sêsorahipun Dr. Sutama) ... kaca 113 | 2. Pêrslah pagêrjèn Narpawandawa ... kaca 125 | 3. Pananggalan