Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1937-10, #407

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1937, #407
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1937-01, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #298.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1937-02, #407 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #517.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1937-03, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #518.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1937-04, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #519.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1937-05, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #520.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1937-06, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #521.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1937-07, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #522.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1937-09, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #523.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1937-10, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #524.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1937-11, #407 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #525.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1937-12, #407 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #526.

Ôngka 10, Oktobêr 1937

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya Saha Wicaksana Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran - Surakarta. 2454 ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO '37. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasradipraja, Kapatihan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Turunan

Ôngka 246/15 K/189/ha

Bab Suwunan Pikukuh Santana

Sêratipun wadananing putra santana dalêm têngên sarta kiwa, dhumatêng pangrèhing Narpawandawa

Wiyosipun, sêrat katitimasan kaping 30/637, ôngka 69/619, bab suwunanipun pangrèh Narpawandawa, supados wadananing putra santana dalêm têngên saha kiwa amanah kadospundi prayogining tindak, utawi lampah ingkang gampil, tumrap manawi wontên santana dalêm ingkang nyuwun ampilan pikêkah kadarahan, [kadarah...]

--- 130 ---

[...an,] langkung malih tumrap para santana dalêm ingkang dêdunung ing sajawining guprêmèn Surakarta, punika manawi tatananipun pancèn dèrèng wontên, amung lampah-lampahipun manawi wontên santana dalêm ingkang nyuwun utawi nyuwunakên pikêkah kadarahan, wêwaton adat ingkang sampun makatên:

I. Sêrat paturanipun kapacak ing dlancang sègêl rêgi f 1,50 kajawi dipun kanthèni prabot asal-usul, ugi kakanthenan arta f 1,50, minôngka panyègêling pikêkah. Dene suraosing paturan, kêdah nêrangakên dintên kalairan tanggal Jawi Walandi, punapa malih wontên ing pundi papan dununging kalairanipun.

II. Tumrap santana dalêm canggah manawi nyuwunakên sêrat katrangan sêsêbutaning anakipun sêratipun paturan ugi kapacak ing dlancang sègêl, rêgi f 1,50 ugi kajawi dipun kanthèni prabot asal-usul, mawi kanthi arta f 1,50, minôngka panyègêling pikêkah, ing têmbe manawi sampun kaparêngakên panyuwunipun mawi nêbus f 1,- nêtêpi kêkancingan nagari katitimasan kaping 12/8 31, ôngka 35 C I/1 minôngka lintuning waragad panyêratan, sapanunggilanipun, mênggah suraosing sêrat paturanipun, kêdah nêrangakên dintên kalairanipun, tanggal Jawi Walandi, papan dununging nalika lair, sarta mawi katêmênakên dening pangrèh praja ingkang ambawahakên, manawi ingkang kasuwunakên pikêkah wau têmên anakipun, manawi prêlu ingkang nyuwunakên kasandhangan sumpah inggih badhe kasumpah, dados tumrap pangrèh praja anggènipun suka katrangan wau, dunungipun botên nêmênakên asal-usulipun, nanging nêmênakên bilih ingkang kasuwunakên ampilan katrangan kadarahan punika anakipun, mênggah tindak ingkang makatên wau pamanggihipun wadananing putra santana dalêm têngên saha kiwa prêlu, awit ingkang sumêrêp têmên lan botênipun punika pangrèh praja ingkang ambawahakên.

Wasana sadaya wau andadosna sumêrêpipun pangrèh Narpawandawa.

Kasêrat tanggal kaping 23 Agustus 1937.

Wadananing putra santana dalêm têngên saha kiwa

W.G. Angabèi, W.G. Kusumayuda.

--- 131 ---

Ôngka 1189 C/3/II

Turunan

Bab Nyuwun Pikukuh Santana

Sêratipun pêpatih dalêm, katur dhumatêng wadananing putra santana dalêm têngên saha kiwa.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, sêrat katitimasan kaping 26 Agustus 1937, ôngka 257/15 K 108/1 sampun kula tampèni. Bab sadaya santana dalêm kêdah sami gadhah ampilan sêrat pikukuh, ing mangke prayoginipun manawi wontên santana dalêm gadhah anak, salin nama saha sanès-sanèsipun, supados lapur kemawon dhatêng kawadananing santana dalêm, lêlajênganipun kawadananing santana dalêm ingkang nyuwunakên pikukuh dhatêng nagari, punika sêrat palapuran wau kaparêng botên kasêrat wontên ing dlancang sègêl, wondene tumrap santana dalêm ingkang mlarat, pikukuhipun sagêd prèi sègêl. Ananging kêdah mawi katrangan saking kabupatèn pangrèh praja ingkang ambawahakên pamanggènipun. Wasana sadaya wau kula borong.

Kasêrat tanggal kaping 10 Sèptèmbêr 1937.

Pêpatih dalêm, Kangjêng Pangeran Arya Adipati W.G. Jayanagara.

Pèngêtan Parêpatan Agêng Mirunggan, Kala Kaping 9 April 1937

Sambêtipun organ ôngka 8

Mila botên pêrlu damêl muntabing panggalih, botên pêrlu dipun raosakên, ingkang kêdah dipun raosakên punika sababipun ngantos wontên lêkas ingkang lêgêtanipun sêngit dhatêng darah dalêm. Manawi kula purun metani dhatêng kawontênan kula piyambak, têmtu sagêd manggih sababipun. Sagêd ugi awit dèrèng kathah para darah ingkang ambyur wontên ing jagading ebah-ebahan, utawi dèrèng katingal mêlok anggènipun para darah makarti dhatêng bêbrayan, ambabar jatining gêsangipun.

--- 132 ---

Kala wau sampun kula aturakên, para darah punika gadhah kawajiban nênuntun sarta ngayomi dhatêng kawula, suka tuladha sae tumrap ngakathah. Darah punika satriya. Kawajibanipun satriya mêmayu hayuning praja, rila lêgawa akurban salira. Adêgipun darah wontên ing bêbrayan dados panuntun, dados pandam panutan sarta pangayoman. Pancèn wontênipun kalênggahan utawi drajad, punika mêsthi katabêtan kawajiban Noblesse Oblige! Adeldom verplicht! Aristocratie is Leiderschap!

Ngèngêti dhatêng awrating sêsanggèn punika, tangèh sangêt sagêdipun para darah kasêmbadan nglênggahi Leiderschap, manawi botên katabêtan watak utami. Tumrap panuntun makatên ingkang baku sanès kasagêdanipun, nanging wêwatakanipun. Karaktêr punika langkung aji saking intêlèg.

Sadèrèngipun anjangkah dhatêng bêbrayan agêng, ingkang rumiyin kêdah nglêlantih wêwatakan utami kados wulang dalêm Ingkang Sinuhun kaping IV saha kaping IX, minggahipun dhatêng wulang dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung, punapadene ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ingkang kapisan (Mangkubumèn).

R.S.D. dados dhêdhasaranipun panglantih ingkang nuju dhatêng ngriku. Sarèhning R.S.D. botên kawujudakên pakêmpalan utawi bêbadan, mila para santana dalêm angsal omberan papan wontên ing kampungipun piyambak-piyambak, nyampuri rukun kampung punapa pakêmpalan ingkang mligi manah bab pralenan. Ing ngriku sagêd sambêt kalihan kawula.

Nalika jamanipun Sarekat Islam, Cipta Rahayu, lajêng Sitadanuja, kawontênanipun menginakên sangêt. Sawêg katanjakakên dhatêng babagan makatên kemawon, wohipun ingatasing sêmangat sampun wontên, baya kados punapa agênging paedahipun, manawi tumônja dhatêng babagan sanès, inggih punika bab punapa kemawon ingkang dados parluning akathah, bêtahipun praja sarta kawula.

Manawi kalampahan dumugi samantên, botên susah dipun pabêni, swara ingkang nawung raos ngundhamana dhatêng para darah wau tamtu badhe sirêp piyambak. Sajatosipun manawi dipun tintingi saèstu, botên wontên pakêmpalan utawi ada-adanan [ada-a...]

--- 133 ---

[...danan] punapa kemawon, saya ingkang wontên ing praja dalêm ngriki, ingkang botên dipun campuri, utawi apêsipun angsal pitulunganipun para darah, kados ta: babagan agami, panggêsangan, ulahraga, politik tuwin sanèsipun malih. Mila tuwuhipun pangundhamana kados ingkang kula aturakên wau sampun kabengkas piyambak dening kawontênan, sanadyan kula piyambak dèrèng marêm, manawi dèrèng nyumêrêpi saya kathah para darah dalêm ingkang ambyur ing madyaning ebah-ebahan ngudi kamajênganing bôngsa.

Sadhèrèk, kados sampun cêkap samantên kemawon minôngka ular-ular pagêdhonganipun R.S.D. wau.

Wusana sumôngga sami dipun rêmbag sêsarêngan, salajêngipun manawi sarujuk, lajêng cekat-cèkêt tumandang.

Sêsantinipun Narpawandawa: eka paksa karya sakti, badhe enggal kababar, samôngsa para putra santana dalêm sami tansah emut dhatêng kawajibanipun ingkang luhur, ingkang pêpêthanipun karêgêm wontên ing ungêl-ungêlan:

Yèn santana, dèn rila labêt tama, mrih tan kêmba, ing lyan gène mandarsana.

Satêlasing sêsorahipun juru sabda, wakil pangarsa lajêng nawèkakên dhatêng parêpatan, sasampunipun dados rêmbag sawatawis, pinanggihing rêmbag, usul damêl adan-adanan rukun santana dalêm ingkang kasarira ing pakêmpalan Narpawandawa, dipun condhongi para warga sadaya. Salajêngipun pangrèh badhe matah panitya ingkang tinanggênah ngrigênakên bab punika.§ Putusanipun parêpatan pangrèh, ingkang kapatah dados panitya, 1. Rm. H. Natadilaga, 2. R.T. Tôndhawadana, 3. Rm. Dm. Tatadarmaja, 4. Rm. Ng. Puspapranata, 5. Rm. Ng. Côndrapranata, 6. Rm. Ng. Kartaastana, 7. Rm. Sudarya Cakrasiswara, 8. Rm. Cakrapangarsa, 9. M. Èsmubrata. Red.

Taksih wontên sambêtipun.

Wara-wara

Kula nuwun, rêdhaksi nampèni turunan sêrat-sêrat saking kawadanan putra santana dalêm têngên, wosing suraosipun kados ing ngandhap punika.

I. Kasêbut dhawuh timbalan dalêm, katitimasan kaping 14 Sapar Jimakir 1866, sapunika cap asmanipun para bandara kangjêng pangeran putra dalêm, kadhawuhan sami mêwahi [mê...]

--- 134 ---

[...wahi] ungêl-ungêlan mawi: bandara, sarta pungkasanipun asma kawêwahan ungêl-ungêlan: ing Surakarta. Supados sagêd cêtha katranganipun, bokmanawi wontên ingkang sami kalihan asmanipun kalihan bandara pangeran ing Ngayogyakarta.

II. Kawrat sêratipun pêpatih dalêm katitimasan kaping 4 Agustus 1937, ôngka 1001/IV A/2/II sarèhning rêrêgèning barang kabêtahan mindhak, cêngklongan pasudan balônja badhe kaparingakên wangsul ingkang saperangan, mila paring pêpèngêt, arta wau sampun kangge bingah-bingah, nanging kadhawuhan nanjakakên ingkang prêlu-prêlu kemawon.

III. Kasêbut nawala dalêm katitimasan kaping 3 Jumadilakir Ehe 1868, manawi sampeyan dalêm ingkang minulya saha ingkang wicaksana miyos sinewaka sarta sanès-sanèsipun, ingkang ngagêm panunggul kanigara, putra santana dalêm kakung putri ingkang sami sowan sarta marak ing karaton, botên kaparêng ngagêm nyamping sinjang lurik.

Narpawandawa lan Politik

II

Sêsampating purwakanipun pangarsa, lajêng kasêlanan rêmbag prêlu sanès-sanèsipun, nanging sarèhning rêmbag Narpawandawa lan politik punika nama wigatos, amila kalajêngakên pangrêmbagipun ngantos saputusipun, kala samantên ingkang kapatah dados juru sabda pangarsa mulya (K.R.M.H. Wuryaningrat) lajêng amêdhar sabda kados ing ngandhap punika.

Bab lampahipun Narpawandawa, punapa nglajêngakên kados ingkang sampun, punapa santun salaga, punika nalika juru sabda dipun dhawuhi pangarsa supados ngandharakên bab punika ing parêpatan, rangu-rangu panggalihipun, amargi lampahing Narpawandawa ingkang sampun dumugi sapunika wilujêng, kajawi punika têmbung santun salaga, sagêd dipun tampi ngrêmbag lampah repolosiyonèr, punapa sanèsipun, lampah parlêmèntèr punapa kosokwangsulipun, koopêrasi punapa non koopêrasi, tumrap Narpawandawa botên sagêd tumindak ingkang anèh-anèh, kêdah namung satunggal, [satungga...]

--- 135 ---

[...l,] inggih punika tumindak sae, manawi botên makatên badhe bunuh dhiri, dados têrang bab lampah botên prêlu dipun rêmbag, bokmanawi wontênipun dalu punika dados pamanahan, gandhèng kalihan Darma Kôndha ingkang ngêwrat rêsèpsi naksanak, wêdharing sabdanipun Bandara Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma tumrap kawontênanipun santana dalêm kalihan pulitik, dening sagêd angewahakên isining Narpawandawa, awit saking punika juru sabda lajêng anyagahi.

Manawi pangintên-intênipun juru sabda wau cocog, ingkang dados pamanahan punika, Narpawandawa sok campur pulitik punapa botên, ingkang prêlu rumiyin, nyambêti purwakanipun pangarsa kala wau ingkang sajatosipun sampun cêtha awela-wela, anêrangakên, pulitik punika punapa. Limrahipun pulitik punika dipun wastani tindak akal-akalan, punika kalèntu, lêrêsipun têmbung pulitik punika kacariyos wijinipun saking têmbung Latin, Jawinipun nitipraja, dados ngrêmbag pulitik punika ngrêmbag prêluning praja, manawi wontên pakêmpalan ingkang kamanah kaprajan mawi tumindak akal-akalan, punika namanipun pakêmpalan pulitik mawi akal-akalan, namung pulitik kemawon tanpa akal-akalan, sagêd, sapunika bab pakêmpalan, kenging dipun bage dados kalih golongan agêng, satunggal kagolong pakêmpalan pulitik, kados ingkang sampun dipun aturakên juru sabda, ingkang satunggalipun kagolong pakêmpalan tunggil damêl, (vak) inggih punika pakêmpalan ingkang ngudi prêluning golongan ingkang nunggil damêl, pakêmpalan-pakêmpalan punika, dhêdhasaranipun pancèn sae sadaya, awit sami gadhah tuju ngajêngakên, ewadene juru sabda mastani langkung utami ingkang pulitik, awit pulitik punika ngrêmbag kaprajan, sadaya isining praja sampun sami kacakup, dados pakêmpalan patukangan, sampun kalêbêt dipun udi ing ngriki juru sabda prêlu nêrangakên malih, sampun ngantos pulitik dipun carup kalihan bab repolosiyonèr, pulitik punika tuju repolosiyonèr punika tandukipun ingkang ngawontênakên repolisi,repolosi (dan di tempat lain). mila sagêd anjalari kirang tata têntrêm, botên mêsthi pakêmpalan pulitik repolisiyonèr, kosokwangsulipun pakêmpalan patukangan, sagêd repolisiyonèr.

Kadospundi têka kawontênan rêmbag ingkang mastani pulitik punika botên [botê...]

--- 136 ---

[...n] sae, môngka inggih botên repolisiyonèr, punika bokmanawi botên gandhèng kalihan pulitik, namung gayutan kalihan bêtahipun tiyang, mikangsalakên badanipun piyambak, awit sangêting mikir bêtahipun piyambak punika, sagêd nukulakên pamanahan ingkang botên lêrês, dados sanadyan mênggahing kabêtahan umum sae sarta lêrês, inggih botên dipun lêrêsakên, sarta juru sabda mastani inggih nama têgêlan, dene purun makèwêti liyan ingkang kangge prêlunipun piyambak, môngka têrang botên sagêd sarta botên adil, ngawisi tiyang ngrêmbag pulitik, punika sami kemawon kalihan angawisi liyan sampun ngantos ngrêmbag bale griyanipun.

Dados sapunika sampun cêtha, pulitik punika sae, botên awon, sarta malah sampun dados wajibing manungsa ngrêmbag pulitik wau, sabab dening sadaya tiyang sami ngalap pigunaning praja.

Sapunika tumrap Narpawandawa kadospundi, Narpawandawa punika sêjatosipun kados pakêmpalan tunggil damêl, awit adêgipun amung saking santana dalêm, nanging sarèhning santana dalêm punika dipun anakakên ing panjênêngan dalêm nata, môngka panjênêngan dalêm nata mêngku praja, praja punika pulitik, dados samêsthinipun Narpawandawa asring nrajang pulitik, manawi botên makatên, nama mungkiri wajib, awit suda lumungsuring praja, santana dalêm katut angawaki, mila prayogi Narpawandawa lêstari tumindak kados ingkang sampun-sampun, ewadene sumôngga ing parêpatan kadospundi putusanipun.

Pangarsa mêwahi katrangan, mênggah tuwuhing rêmbag ingkang dipun andharakên K. Rm. H. Wuryaningrat wau pancèn inggih lêrês makatên, kauningana sadhèrèk, Narpawandawa punika pakêmpalan tunggil damêl (vak vereeniging) dados sanès pakêmpalan pulitik, nanging inggih purun gandhèng kalihan pulitik, namung ingkang gêgayutan kalihan prajanipun piyambak, têrangipun makatên: wontênipun pakêmpalan tunggil damêl, punika saking wontênipun tunggil damêl, kados ta: P.G.H.B. punika thukulipun saking sakolahan (saking para guru) tujunipun inggih namung ngrêmbag kabêtahaning para sakolahan, utawi para guru. Pakêmpalan B.O.W. punika tuwuhipun saking punggawa yayasan nagari, inggih dipun manah inggih babagan yayasan,

--- 137 ---

tuwin pakêmpalan sanès-sanèsipun. Dados tujunipun punika botên gandhèng kalihan pulitik, jalaran wontênipun inggih botên gandhèng kalihan pulitik, sarêng Narpawandawa punika pakêmpalanipun para putra santana dalêm, para putra santana wau wontênipun saking panjênêngan dalêm nata (ratu), nata punika amêngku praja, dados inggih kenging dipun wastani bêbadan pulitik, dening adêgipun praja punika pulitik, ing môngka tujunipun Narpawandawa punika anjagi wilujênging panjênêngan dalêm nata, karaton saha nagarinipun, amila Narpawandawa botên sagêd nilar pulitik, nanging inggih namung ingkang gandhèng kalihan parlunipun piyambak, kados ta: kala ngrêmbag bestuurs hervorming punika inggih amung best. herv ingkang tumrap Surakarta kemawon, tumrap pundi-pundi botên dipun gêpok, ngintunakên utusan dhatêng nagari Walandi bab Indhiya pirbar, damêl paturan nyuwun tumuntênipun wontên rad-rad (staatkundige herv) punika inggih amung tumrap badanipun piyambak kemawon, lan sasamipun, sasaminipun. namung sarêng wontên kritik ing sêrat kabar Darma Kôndha, ing organipun piyambak, saha ijêman saking warganipun piyambak, wosipun saya kathah rêmbag-rêmbag botên rujuk nindakakên pulitik, ingkang sagêd andayani dhatêng warga pangrèh, môngka pangrèh taksih lêstari nglajêngakên lampahipun lami, punika mangke rak kados upaminipun kapal rakitan ucul saking karetanipun (kapal upaminipun pangrèh kareta sanepanipun para warga) rakitanipun malajêng dhatêng pundi-pundi, kretanipun kèndêl kemawon, punika saèstunipun lajêng sagêd mratandhani kirang sakeca. Wontên pasaksèn manawi pamarentah luhur nglilani kita dhatêng tindak pulitik, inggih punika wontênipun wakil praja kajawèn ing rad kawula, môngka rad kawula punika ingkang karêmbag cêtha bilih babagan pulitik, dados adêgipun para nata punika têrang bilih bêbadan pulitik, kados sampun cêtha mênggah gêgayutanipun karaton dalêm kalihan pulitik, punika botên pisah namung tansah gandhèng kemawon, ewadene ing ngriki parlu katêrangakên malih, manawi Narpawandawa punika dede pakêmpalan pulitik, nanging purun campur pulitik janji pulitikipun wau gandhèng kalihan praja Surakarta, amila ing mangke kadospundi rêmbagipun para warga, Narpawandawa nglajêngakên lampahipun kados ingkang sampun, punapa santun salaga, inggih punika mligi namung ngrêmbag bab layatan, pasinaon, [pasi...]

--- 138 ---

[...naon,] lan sasaminipun, manawi pamanggih kula santana dalêm campur pulitik punika botên namung wênang kemawon, nanging malah wajib, janji ingkang gêgayutan kalihan praja Surakarta.

Sanalika para warga sêsarêngan rujuk anglêstarèkakên lampah kados ingkang sampun, nanging dipun wangsuli pangarsa. Mangke rumiyin, dèrèng kula tantunakên rumiyin, bokmanawi taksih wontên ingkang badhe usul barang.

Rm. Ng. Wiraatmaja usul, saking cariyosipun sarjana Walandi, tiyang punika wiwit lair sampun gadhah dhasar manahan pulitik, malah kapara tansah lêlumban ing pulitik, dados pamanggihipun kêdah dipun lampahi kados cariyosipun sarjana wau.

Pangarsa mangsuli, botên rujuk, sanadyan nindakakên prakawis pulitik, inggih namung ingkang gêgayutan kalihan bêtahipun piyambak kemawon, inggih punika ingkang dumunung ngrêksa prajanipun.

Lajêng katantunakên, pinanggihing swara saur-pêksi, (unaniem) rujuk Narpawandawa anglastarèkakên lampahipun kados ingkang sampun.

Sadhèrèk rêdhaktur. Kados sampun cêkap samantên anggèn kula ngaturi andharan, bab anggènipun pakêmpalan kita Narpawandawa dumugi sapriki taksih angrêmbag bab politik ingkang gandhèng lan prajanipun, wontênipun bab kasêbut ing nginggil wau kula bèbèr ing côndrawarti ngriki, tujuning manah kula botên saking badhe ngungasakên pangrêtosan kula dhatêng babagan politik, nanging sêdya kula lugu andhèrèk ngrencangi pandamêlanipun ingkang wajib, murih para sadhèrèk warga ingkang taksih rangu-rangu dhatêng tindakipun Narpawandawa, sagêda wiwit sapunika botên badhe mamang malih, sarta sampun ngantos warganing pakêmpalan makatên kirang utawi botên mangrêtos dhatêng ancas tujuning pakêmpalanipun, kula manah botên prayogi, wasana kula matur nuwun sadhèrèk rêdhaktur.

Warga kawak.

Ujar Sakêcap Sagêd Damêl Rubeda

Miturut gotèk kina, ingkang dados pondhêmèning praja punika botên liya saking wadu wandawaning nata, ingga adêgipun praja nyata yêktos, bêbasan rawe-rawe [rawe-ra...]

--- 139 ---

[...we] rantas, malang-malang putung, namung danguning dangu ingga dumugi dintên punika ... kajawi kula pancèn botên badhe ngrêmbag bab punika, nanging ing ngriki kula badhe ngoncèki ujar sakêcap ingkang sagêd damêl rêngkaning bêbrayan, amargi manawi kalajêng-lajêng sagêd damêl kapitunaning sadayanipun, inggih punika têtêmbungan santana cilik utawi abdi dalêm cilik, ingkang sok dipun ucapakên dening wadu wandawa dalêm piyambak.

Manawi sasêrêpan kula botên kalèntu, gusti ratu kita punika angayomi kawula sabawah dalêm, lajêng kagungan kukuban sêntana saha abdi, mênggah pilah-pilahipun kaperang kados ta, putra dalêm sarta wayah dalêm salajêngipun, pêpatih dalêm sarta abdi dalêm bupati salajêngipun, mila dados miturut sasêrêpan kula piyambak punika manawi lêrês, têtela botên wontên santana cilik utawi abdi dalêm cilik, nanging wontên abdi dalêm sarta santana dalêm, dados manawi mawi dipun èmbèl-èmbèli cilik, punika nama ngrèmèhakên, ewadene sarèhning punika sawêg pamanggih kula piyambak, sagêd ugi kalèntu, mila upami wontên ingkang paring katrangan ingkang langkung gamblang, sadèrèng sasampunipun kula matur nuwun.

Mênggah anggèn kula ngoncèki kawontênan kasêbut nginggil, punika botên kok kula santana dalêm canggah badhe kamipurun anjèjèri buyut dalêm, utawi abdi dalêm jajar kula ajani jèjèr abdi dalêm bêkêl, punapadene abdi dalêm saradhadhu kula kêdhèpi supados anjèjèri kopral, punika mêsthi botênipun, atur kula punika lugu panyuwun sampun ngantos wontên kadadosan kados kasêbut nginggil, amargi kumandhang santana sing cilik utawi mung abdi dalêm cilik, ingkang sok dipun ucapakên ingkang rumaos langkung agêng wau, pancèn manawi botên dipun raosakên inggih botên dados baya punapa, nanging manawi kêparêng ngêmatakên kanthi êninging panggalih, suwara dumêling ingkang sampun ambalung sungsum wau, jêbulipun inggih lot-lotan lowe angengingi awak dhèwèk saumumipun, cobi murih sagêd sami wuninga gumrambyangipun.

Nuju satunggaling dintên, gusti ratu kita têdhak mêrtuwi dhumatêng dalêmipun prayagung luhur, wêkdal rawuh dalêm polahipun ingkang sami rencang kados gabah dèn intêri,

--- 140 ---

sarampunging lênggah satata, taksih wontên ... ingkang dèrèng angsal palênggahan, dilalah ngupados klasa kemawon sampun gusis, sabab sampun sami tumônja sadaya, ing ngriku lajêng wontên suwantên, wis ta aja padha bingung, bèn lênggah mêstèr bae rak ya uwis, wong mung ..., mênggah suwantên ingkang ngengingi ... wau, punapa dede satunggaling piwêlèh, nadyan punika sampun nama piwêlèh, ewadene kula anggêp dèrèng sapintêna, sabab suwantên wau saking awak dhèwèk angengingi awak dhèwèk, dados cêkap kula anggêp wis adate, namung ing ngriki ingkang kula prihatosakên sangêt punika pênghinaan ingkang saking sajawining rangkah, cobi murih sami wuninga kula grambyangipun malih.

Nuju satunggaling dintên kula jagong dhatêng salah satunggaling sudagar, tamunipun bupati ingga dumugi abdi dalêm saradhadhu, kocapa, sarêng mêdal sêgah sendhokipun kirang, bilih botên kadosa jagading pawon anggènipun sami tutuh-tinutuh, sasampuning angsal anggènipun ngupados istiyaran, rêmbag mêksa taksih rame, sabab sendhokipun môncawarni tur kirang mèmpêr sangêt, sagêdipun sirêp jagading pawon ingkang tansah diya-diniya wau, sarêng wontên suwantên dumêling mêdal saking lesanipun pak koki ingkang dipun rujuki ... ingkang among tamu. Wis ta, bolih, wong mung ... gene yèn ana ngomahe dhewe kae mung ... iki rak wis luwih bêcik lan pèni. Cobi kirang sakit punapa ingkang kita upadosi, lêrêsipun wontên ing pajagongan punika angsal pangaji langkung, ewadene têka malah dipun uman- uman ingkang ngantos botên layak, wêkdal kula mirêng suwantên lampiran ingkang sakêlangkung ebat wau, mèh kemawon darah naèk, namung sarêng kula emut, manawi bibit sakawitipun thukuling raos ngrèmèhakên wau saking awak piyambak, dados têgêsipun suwantêning Kang Krama ingkang adhapur ngrèmèhakên wau kantun dhèrèk bikak, sanalika sirêp kanthi angucap, o ya talah.

Hèèh, kok samantên kawontênan punika manawi sawêg apês, dalah tiyang sajawining rangkah cingkokipun ucap-ucapan angrèmèhakên têka anggènipun wasis lan trampil, bêbasan sampun cocog kalihan lugunipun, mila atur pemut kula dhumatêng wadu wandawa dalêm saumumipun, sarèhning raos ngrèmèhakên awak [awa...]

--- 141 ---

[...k]

dhèwèk punika atêgês bunuh dhiri,§ Piwulang dalêm Ingkang Sinuhun kaping IV sampun amarsitakakên, èngêt kula makatên, dèn samya marsudèng budi, wiweka dipun waspaos, aja dumèh sira bisa muwus, yèn tan pantês ugi ... lo punika wajib kita èngêti, tumrap jaman manunggil prêlu sangêt kangge sarana pambengkasing pêpisahan. Red. sapunika punapa botên langkung prayogi upami raos ngrèmèhakên wau sami dipun singkiri, ingkang salajêngipun nêtêpakên sikêp sami aos-ingaosan, andum damêl buktèkakên anggènipun nanggêl jawab, ngangkah satunggal, inggih punika ambudi mulyanipun praja dalah sakukuban dalêm, bukan.

Si unyik Cakrapangarsa

[Iklan]

Asor Luhur sarta Bêgja Cilakaning Anak

Saking panaliti asor luhur lan bêgja cilakaning anak 90% gumantung kawontênanipun tiyang sêpuh.

(Dening R. Ng. Ônggapradata) (II têlas)

Kosokwangsulipun lêlampahanipun satunggaling anak, wiwit kala taksih lare sae pasinaonipun, majêng sarta lantip, gampil pangupadosipun waragad, dilalah dumugi sêpuhipun ugi dipun gampilakên angsalipun pandamêlan, [pandamê...]

--- 142 ---

[...lan,] ngantos sagêd minggah-minggah pikantuk darajad luhur sarta gadhah panguwasa. Môngka lare wau prasasat dèrèng gadhah lêlabêtan (jasa) dhatêng bêbrayan utawi jagad, têka lajêng sampun ngundhuh wohipun, makatên wau botên sanès sabagean agêng tamtu saking pandamêlipun (pamêsubrata) tiyang sêpuhipun ing nguni, lan malih saking paniti pariksa kula manawi wontên tiyang sêpuh sugih anak putu, môngka namung tansah ulah kawibawan kamuktèn tuwin rêmên ngumbar hawa pêpenginanipun piyambak, punika ing têmbenipun adat anak putunipun ingkang kathah kantun nampèni rêkaos gêsangipun, dilalah kêdah makatên. Kosokwangsulipun tiyang sêpuh sugih anak putu, môngka tansah ngagêngakên prihatos tuwin nariman, punika adat ing têmbenipun ingkang kathah anak putunipun badhe sakeca gêsangipun, sabotên-botênipun inggih botên kathah kasangsaranipun.

Sapunika kadospundi lampahipun (pambudidayanipun) murih anak-anak kita ing têmbe sagêd dados tiyang ingkang sae bêbudènipun, tuwin sagêd nêtêpi punapa ingkang dados pangajêng-ajênging tiyang sêpuh, saking pamanggih kula botên sanès kêdah saking panggulawênthah. Limrahipun ing jaman sapunika rumaosipun ing akathah cara anggulawênthah dhatêng anak punika manawi sampun kasêkolahakên wiwit saking pamulangan andhap dumugi pamulangan luhur, utawi sarana lampah dipun indhêkosakên dhatêng salah satunggaling tiyang ingkang kenging pinitados (Ternama) sampun cêkap, nanging manawi kula botên cêkap samantên, saking kayakinan kula anggulawênthah saening budi pakartinipun lare punika botên cêkap namung kagulawênthah pikiranipun lare kalantipan tuwin kalakuanipun (Verstandelijke en Zedelijke opvoeding) makatên wau angsal-angsalanipun panggulawênthah nyêngka-nyêngkanipun namung badhe dados tiyang ingkang pintêr lantiping manah (Intellect) tuwin landhêping pikir, nanging dèrèng kantênan dados tiyang ingkang wilujêng, tuwin luhur bêbudènipun. Ing nginggil sampun kula aturakên bilih kawontênaning gêsang (asor luhuring anak) punika sabagean agêng ingkang kathah tumusan saking pakartinipun tiyang sêpuh, dados manawi bêbudènipun tiyang sêpuh awon tamtu badhe numusi awon dhatêng anak. Kosokwangsulipun manawi bêbudènipun tiyang sêpuh sae, ugi badhe numusi saening anak.

Dados sapunika têtelanipun anggulawênthah murih saening budi pakartining anak, punika tiyang sêpuh ingkang kêdah kagulawênthah piyambak (Zelfopvoeding),

--- 143 ---

wondene lampahipun anggulawênthah badanipun piyambak punika pamanggih kula langkung rumiyin kêdah sagêd niti pariksa dhatêng badanipun piyambak, têmbungipun mônca winastan Zelfcorrectie inggih punika lampah ingkang sagêd ambedakakên awon lan sae, ngantos sagêd kraos sangêt (Zeer gevoelig) dhatêng ingkang winastan tindak awon, nadyan awon sakêdhik pisan, kêdah kasingkiran, kaping kalihipun kêdah sagêd mangêrèh badan pribadi (Zelfbeheersching), sèlêpbêhirsêng makatên kêdah sagêd angêndhih hawa napsu pêpenginanipun, kados ta: angêndhih watak ingkang murka, drêngki, srèi, jail, muthakil, panastèn, mèrèn, sapanunggilanipun. Ngantos pirantos-pirantosing badan wadhag, ingkang winastan hawa napsu pêpenginan sasaminipun, sagêd kaêndhih utawi kaêrèh sayêktos, punapadene kêdah gadhah dhêdhasar têpa sarira.

Pangandikanipun sang jagad guru ingkang sajak gandhèng kalihan lampah panggulawênthah badanipun piyambak, kasêrat têmbung Indhonesiah makatên: Kalau kamoe akan merintah Doenia, baiklah kamoe sendiri merintah dirimoe sendiri, sebab adanja Doenia ini dari kemaoeanmoe makatên gaduging pamanahan kula bab lampah anggulawênthah badanipun piyambak, inggih punika sarana tumindak Zelfopvoeding, Zelfcorrectie tuwin Zelfbeheersching.

Manawi kita sampun sagêd tumindak anggulawênthah kados kasêbut nginggil wau Insaallah tamtu anak-anak kita badhe angglèdhèg piyambak dhatêng margining kautaman sarta karahayon. Wasana manawi wontên siguging ukara tuwin kaladuking têtêmbungan kula mugi para maos angêgungna samodra pangaksama.

Isinipun organ punika:

1. Turunan dhawuh lampah-lampah bab suwunan pikukuh santana ... kaca 192 | 2. Turunan dhawuh suwunan pikukuh prèi sègêl ... kaca 131 | 3. Pèngêtan parêpatan agêng mirunggan, kala kaping 9 April ... kaca 131 | 4. Wara-wara ... kaca 133 | 5. Narpawandawa lan politik ... kaca 134 | 6. Ujar sakêcap sagêd damêl rubeda ... kaca 138 | 7. Asor luhur sarta bêgja cilakaning anak ... kaca 142