Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1937-11, #407

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1937, #407
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1937-01, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #298.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1937-02, #407 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #517.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1937-03, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #518.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1937-04, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #519.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1937-05, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #520.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1937-06, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #521.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1937-07, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #522.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1937-09, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #523.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1937-10, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #524.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1937-11, #407 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #525.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1937-12, #407 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #526.

Ôngka 11, Nopèmbêr 1937

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya Saha Wicaksana Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran - Surakarta. 2775 ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO '37. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasradipraja, Kapatihan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Bab Sêsêbutan

Turunan

Ôngka 116/648

Sêrat paturanipun pangrèh Narpawandawa, katur wadananing putra santana dalêm têngên saha kiwa.

Kula nuwun, anusuli sêrat paturan katitimasan kaping 18 Mèi 1937, ôngka 38/586, sakanthinipun, bab tatanan anyar tumrap sêsêbutanipun para darahing aluhur. Sasampunipun pakêmpalan Narpawandawa adamêl mosi kados ingkang dados kanthinipun sêrat paturan kasêbut ing nginggil wau, pangrèh lajêng nampèni sêrat katrangan saking adpisir pur insê sakên, katitimasan kaping 12 Agustus 1937 ôngka 1151/Tt-II. Sarèhning suraosipun dèrèng [dè...]

--- 146 ---

[...rèng] marêmakên, amila lajêng dipun wangsuli kawrat sêratipun pangrèh katitimasan kaping 12 Sèptèmbêr 1937, ôngka 103/638, angsal wangsulan saking adpisir pur inlansê sakên, kawrat sêrat katitimasan kaping 17 Sèptèmbêr 1937, ôngka 1353/Tt. II. Mênggah têrangipun kados ingkang kasêbut ing pratelan cêkakan, dalah tatêdhakan sêrat-sêrat cacah 9 lêmbar sami kaladosakên sarêng punika.

Nuwun, wontênipun pangrèh Narpawandawa angladosakên kawontênan rêmbag bab sêsêbutan punika, amargi pungkasaning sêratipun adpisir pur inlansê sakên wau mratelakakên: manawi kangjêng guprêmèn badhe ngunjuki uninga ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha ingkang wicaksana, dados Narpawandawa amanah prêlu tumuntên saos unjuk, ingkang supados anambahi trawacanipun panggalih dalêm. Mênggah punika salajêngipun konjuk ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha ingkang wicaksana kangjêng susuhunan, saha kadospundi putusanipun rêmbag bab punika pangrèh Narpawandawa nyuwun cumadhong dhawuhing timbalan dalêm. Botên langkung pangrèh Narpawandawa amung nyumanggakakên wadananing putra santana dalêm têngên saha kiwa.

Katur tanggal kaping 19 Oktobêr 1937.

Panitra: Wg. Purwasastra, Mudha pangarsa: Wg. Suryadipura.

Pratelan Cêkakan Kanthinipun Sêrat Paturan Katitimasan Kaping 19 Oktobêr 1937. Ôngka 116/648

1. Sasampunipun pakêmpalan Narpawandawa adamêl mosi, lajêng nampèni sêrat katrangan saking adpisir pur inlansê sakên, katitimasan kaping 12 Agustus 1937 ôngka 1151/Tt- II wosing suraosipun kados ing ngandhap punika:

I. Bab sêbutan radèn

--- 147 ---

kangjêng guprêmèn botên sagêd minangkani pikajêngipun Narpawandawa, kados ingkang kawrat ing mosinipun, amargi:

Ha. Kawontênanipun sêsêbutan radèn, tanpa watêsan punika wontênipun ing nagari dalêm Surakarta inggih sawêg kala taun 1931 (kêkancinganipun pêpatih dalêm kawrat ing kabar paprentahan kaping 1 April 1931 ôngka 7).

Na. Sêsêbutan radèn saking pancêr èstri tanpa watêsan punika tumrap têdhak turunipun para bupati ing wawêngkonipun kangjêng guprêmèn botên sagêd kalastarèkakên, awit kathah èwêd pakèwêdipun kabêkta saking kathahing tatananipun.

Amila kangge anyêkapi tatanan ingkang tumindak ing wawêngkonipun parentah Jawi, sêsêbutan radèn wau tumrap saking pancêr èstri namung kawatêsan dumugi turun 6, dene para nata Jawi saha para pangagênging trah kadipatèn taksih kawênangakên nata sakaparêngipun ing wawêngkonipun piyambak- piyambak.

II. Bab sêsêbutan radèn mas

Panyuwunipun Narpawandawa bab sêsêbutan radèn mas, kasuwun dumugi turun 5 punika kangjêng guprêmèn parlu ngèngêtakên, bilih wontênipun tatanan anyar wau namung supados sadaya tatanan ingkang gêgayutan pangadilan, sagêd sami.

III. Bab sêsêbutanipun para putra-putri dalêm

Bab punika sampun dipun pituruti sarana ngewahi bab 1 ing kêkancinganipun kangjêng guprêmèn katitimasan kaping 30 Sèptèmbêr 1936 ôngka 31, kawrat ing kêkancingan kaping 30 Juli 1937 ôngka 22, inggih punika sawingkingipun têmbung of een Hoofd van het Mangkoenagorosche - of Pakoe Alamsche- Huis kawêwahan ungêl -ungêlan: voorzoover de betrokkenen geen hoogeren titel kunnen voeren.

2. Kawangsulan kawrat sêratipun pangrèh Narpawandawa, katitimasan kaping 12 Sèptèmbêr 1937 ôngka 103/638, wosing suraosipun kados ing ngandhap punika:

I. Bab sêsêbutan radèn

Ha. Sanadyan tatanan sêsêbutan radèn botên mawi watêsan punika sawêg kala

--- 148 ---

taun 1931, ananging kawontênanipun dumugi samangke sampun kathah ingkang kaparingan sêsêbutan wau, saha kathah ingkang sapunika sawêg kagarap badhe kaparingan, amila wontên raos botên ngadil tumrap ingkang sami badhe nyuwun manawi wawênangipun ngangge sêsêbutan radèn wau lajêng kasuwak.

Kajawi punika tumrapipun ingkang sampun kaparingan, panganggenipun wêwênang wau inggih lajêng kirang santosa, utawi anjalari botên andadosakên pamarêmipun, kenging kabasakakên gumantung tanpa canthelan.

Na. Bab sêsêbutan radèn tumrap para têdhak turunipun para bupati ing wawêngkonipun kangjêng guprêmèn, kapratelakakên kathah pakèwêdipun manawi botên kawatêsan, amargi lajêng botên sagêd namtokakên aluranipun kalayan têrang, punika kirang mangrêtosakên, awit têrang lan botênipun punika gumantung saking cêtha utawi botênipun pandamêlipun asalsilah, namung ingkang makatên wau sampun samêsthinipun, ugêr saya têbih kalihan ingkang nurunakên, inggih saya rêkaos utawi kirang cêthanipun anggèning damêl asalsilah, mênggah makatên punika botên ngêmungakên tumrap pancêr èstri kemawon. Kajawi punika parlu dipun èngêti bilih tumrap ing nagari dalêm pancêr èstri kalihan pancêr jalêr punika botên nate kabedakakên, sarta malih pikajêngipun têdhak turunipun pancêr jalêr saha èstri punika tumrapipun ing nagari dalêm pancèn beda kalihan ingkang dipun kajêngakên dening bôngsa Eropah, liripun, têdhak turuning panjênêngan nata punika tumrap ing nagari Surakarta katamtokakên saking putra-putri dalêm. Dene bedanipun kalihan Kasultanan, Mangkunagaran tuwin Pakualaman, têbanipun asalsilahing têdhak turunipun panjênêngan dalêm nata Surakarta punika langkung wiyar, awit manawi sampun dumugi Kartasura minggah tamtu lajêng wangsul dhatêng panjênêngan dalêm nata ing Surakarta malih.

II. Bab para nata Jawi kawênangakên damêl tatanan sakaparêngipun wontên ing wawêngkonipun tumrap para kawulanipun, punika sampun salêrêsipun, amung ingkang dipun kajêngakên Narpawandawa wau, supados sêsêbutan radèn tanpa watêsan punika sagêd sami, sarana nyuwun ewahipun kêkancingan.

III. Bab ewah-ewahan kêkancingan kaping 30 Juli 1937 ôngka 22

--- 149 ---

punika malah wontên raosipun bilih kangjêng guprêmèn anyamèkakên nagari dalêm kalihan kadipatèn Mangkunagaran, ingkang atêgês anyuda kaluhuranipun nagari dalêm. Makatên wau sampun tamtu kemawon lajêng wontên panggrayangan manawi kangjêng guprêmèn botên ngèngêti dhatêng adat tatacara kina-makina, saha nilar dhatêng babad-babadipun nagari dalêm Surakarta gêgayutanipun kalihan kadipatèn Mangkunagaran. Dene tatanan punika mawi kagandhèngakên kalihan babagan pangadilan, punika pancèn sanès masthinipun.

3. Wondene wosing suraosipun sêrat katrangan saking adpisir pur inlansê sakên, kawrat sêrat katitimasan kaping 17 Sèptèmbêr 1937 ôngka 1353/Tt-II kados ing ngandhap punika:

I. Bab sêsêbutan radèn

Mênggah pangintênipun Narpawandawa ing sawontênipun watêsan sêsêbutan radèn saking pancêr èstri namung dumugi turun 6, anjalari panganggening sêsêbutan wau lajêng botên andadosakên pamarêmipun, amargi lajêng nama gumantung tanpa canthelan, punika botên lêrês, dene wontênipun kêkancingan guprêmèn katitimasan kaping 30 Sèptèmbêr 1936 ôngka 31, punika botên angewahakên sadaya wawênang panganggenipun sêsêbutan radèn ingkang kaparingakên sadèrèngipun kêkancingan wau dhumawuh, wondene wontênipun sêsêbutan radèn saking pancêr èstri tanpa watêsan punika botên kalastarèkakên, amargi kawontênanipun adat tatacara ingkang gêgayutan kalihan turunipun ing satunggal-tunggalipun kabupatèn, punika botên sami, malah wontên kabupatèn ingkang mêngkoni sawatawis panggenan adat tatacaranipun beda-beda, mila lajêng katata anyar wau.

II. Bab sanès-sanèsipun ingkang kasêbut ing sêratipun pakêmpalan Narpawandawa wau, kangjêng guprêmèn sampun botên sagêd angewahi, awit wontênipun tatanan anyar punika sadèrèngipun sampun karêmbag kalihan rad Indhiya (Raad van Indie) saha bab punika sampun angunjuki uninga ing sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha ingkang wicaksana kangjêng susuhunan.

--- 150 ---

AFSCHRIFT

Batavia 12 Augustus 1937

No. 1151/Tt-II

Onderwerp: Motie vereeniging

NARPOWANDOWO

Met verwijzing naar Uw schrijven van 19 Mei j.l. No.44/597. heb ik de eer Uw Bestuur, na verkregen machtiging van de Regeering, beleefd het volgende mede te deelen.

De in het eerste lid van de motie, aangenomen op eene 9en April j.l. te Soerakarta gehouden algemeene vergadering van Uwe vereeniging vervatte wensch, om de regeling vervat in het Bijb, op het Staatsblad No. 13711 veranderd te zien in deze zin, dat de overgang van den titel Raden langs de vrouwelijke lijn onbeperkt overgaat, is naar de meening van de Regeering niet voor inwilliging vatbaar. Het beginsel van onbeperkte voortzetting van den Radentitel geldt in Solo eerst, zoowel voor de mannelijke als voor de vrouwelijke lijn, sedert het jaar 1931. (vide besluit van den Rijksbestuurder van Soerakarta van 1 April 1931 No.7).

De erfelijkheid in de vrouwelijke lijn van den Radentitel kon voor de afstammelingen van de regenten in gouvernementsgebied om de daaruit voortspruitende onzekerheid tengevolge van de veelheid der bestaande regelingen, niet bestendigd blijven.

Als tegemoetkoming aan de in de Vorstenlanden bestaande regelingen, werd bepaald dat in gouvernementsgebied de afstammelingen van de Zelfbestuurders tot in de 6den graad langs de vrouwelijke lijn den titel Raden zouden mogen voeren. Op grond van het voorgaande kan de Regeering er niet toe overgaan om deze beperking op te heffen. De Zelfbestuurders behouden overigens volle vrijheid om in hun eigen gebied in dit opzicht de regelen van kracht te verklaren, die zij zelf wenschen.

Wat de wensch aangaat om den titel Raden Mas toe te kennen aan de mannelijke afstammelingen en Raden Ajoe aan de vrouwelijke aftsammelingen tot en met den vijfden graad van een vorst van Soerakarta dan wel van een anderen voor dien geregeerd hebbenden vorst op Java (2e lid van de motie) moge worden opgemerkt dat bij de invoering van de nieuwe regeling de bedoeling heeft voorgezeten een einde te maken aan de ongelijkheid van de regeling voor de Mangkoenagaransche onderdanen, aangezien ten aanzien van de rechtspraak immers ook voor allen dezelfde regeling geldt. (Stbl. 1867 No. 10 art. 3 sub b.).

Aan den wensch vervat in het derde lid van de motie, namelijk om het Bijblad op het Staatsblad No. 13711 aan te vullen met de titulatuur van de zonen en dochters van den Vorst, overeenstemmend met de in het Rijk Soerakarta geldende regeling en met de door de bevolking gehuldigde opvatting, is de Regeering tegemoet gekomen door de plaats gehad hebbende wijziging van art. 1 van het G. B. van 30 September 1936. No. 31 bij Haar besluit van 30 Juli j. l. No. 22. Bedoelde wijziging bestaat in de toevoeging achter de woorden: "Of een Hoofd van het Mangkoenagorosche - of Pakoe Alamsche - Huis" van de volgende zinsnede: "voorzoover de betrokkenen geen hoogeren titel kunnen voeren".

Voor de bij Uwe vereeniging bestaande gedachte, dat door vestiging in gouvernementsgebied en diensttreding in gouvernementsdienst een Zelfbestuursonderhoorige zijn titel zou kunnen verliezen, is geen aanleiding, aangezien de Regeering in beginsel geen wijziging brengt in titels door de Zelfbesturen aan hunne onderhoorigen toegekend. De beoordeeling van de aanspraken van de afstammelingen van dergelijke personen geschiedt later evenwel, begrijpelijkerwijze, volgens de voor het gouvernementsgebied vastgestelde regels. Een nadere bepaling wordt hier dus niet noodig geacht.

De Adviseur voor Inlandsche Zaken

W. G. E. GOBÉÉ

Aan

het Bestuur van de Vereeniging

NARPOWANDOWO

te

Soerakarta

--- 151 ---

AFSCHRIFT.

Soerakarta, 12 September 1937.

No. 103/638. Aan

den Adviseur voor Inlandsche Zaken

te Batavia Centrum.

Wij hebben kennis genomen van Uw schrijven ddo. 12 Augustus 1937. No 1151/Tt-II.

Ofschoon het in genoemd schrijven vervatte antwoord van de Regeering ten aanzien van enkel punt hieronder nader uiteen te zetten, inderdaad als een tegemoetkoming kan worden beschouwd, is wat de hoolfdzaak betreft, het bezwaar van Narpowandowo door het antwoord van de Regeering nog niet op een bevredigende wijze uit den weg geruimd. Om deze redenen achten wij het tijdstip nog niet aangebroken, de kwestie nogeens op een Algemeene ledenvergadering voor te brengen.

Wij veroorlooven ons in het ondervolgende het bezwaar van Narpowandowo nogeens nader uiteen te zetten:

A. Ten aanzien van de verlangde onbeperkte voortzetting van den Radentitel ook in de vrouwelijke lijn, heeft de Regeering de volgende twee argumenten daartegen aangevoerd:

Ten eerste het nog jonge besluit (1 April 1931) waarbij de regeling in Soerakarta uitgevaardigd werd.

Hiertegen moeten wij opmerken, dat sedert het besluit geslagen is, reeds vele aanvragen zijn behandeld en toegestaan geworden, zoodat het onbillijk is, om dit als verkregen recht beschouwde forum van andere nog komende aanvragers met één slag teniet te doen. Voorts zou ook de positie van degenen die den titel reeds verleend hebben gekregen, in de lucht komen te hangen.

Ten tweede wordt als motief aangevoerd tegen het voorstel van Narpowandowo het feit, dat de onzekerheid in gouvernementsgebied tengevolge van de erfelijkheid in de vrouwelijke lijn niet bestendig blijven.

Wij vermogen echter niet in te zien waarom de erfelijkheid in de vrouwelijke lijn een grootere onzekerheid teweeg brengt dan de erfelijkheid in de mannelijke lijn.

Wij zijn van meening, dat de al of niet onzekerheid slechts bepaald wordt door het al of niet bestaan van een duidelijken stamboom en inderdaad is het zoo, dat hoe verder de afstamming gaat, hoe moeilijker het is, een duidelijken stamboom te kunnen produceeren en te verifieeren, doch dit geldt zoowel voor de vrouwelijke als voor de mannelijke lijn.

Een cardinaal punt is bovendien dat voor Soerakarta nooit eenig onderscheid heeft bestaan in titulatuur van de erfgenamen in de mannelijke en in de vrouwelijke lijn.

Wij wijzen hier voorts op de moelijkheid dat het begrip afstamming in de mannelijke en in de vrouwelijke lijn voor Soerakarta een andere beteekenis heeft dan in de Europeesche terminologie.

De afstamming in de mannelijke of vrouwelijke lijn wordt in Soerakarta n.l. bepaald door den eersten graad stamhouder naar gelang hij behoort tot het mannelijke dan wel vrouwelijke geslacht. Ten slotte mogen wij nog wijzen op het specifieke belang van Soerakarta in tegenstelling tot de drie andere Vorstenlandsche Rijken om de onbeperkte voortzetting van den Radentitel te bepleiten, omdat de te onderzoeken afstamming veel hooger kan en placht op te klimmen, aangezien een beweerde verwantschap dat opklimt tot de Vorsten van Kartasoera en hooger noodzakelijk terugvalt op het domein van Soerakarta. In verband hiermede is het duidelijk, dat de behoefte aan een ruimere voortzetting van den Radentitel voor Soerakarta duidelijker spreekt dan voor de andere drie Rijken.

--- 152 ---

B. Dat de Zelfbestuurders overigens volle vrijheid behouden om in hun eigen gebied in dit opzicht regelen vast te stellen die zij zelf wenschen, is een van zelfsprekend feit, doch onze bedoeling was, de regeling zooveel mogelijk uniform temaken in casu de onbeperkte voortzetting van den Radentitel in de vrouwelijke lijn door een wijziging van het G.B. uit te lokken.

C. De door ons in den aanhef bedoelde tegemoetkoming is n.l. de wijziging vervat in het G.B. van 30 Juli 1937 No.22 welke t.a.v. de eerste graad afstammelingen de mogelijkheid van het dragen van een hoogeren titel openstelt, doch deze tegemoetkoming betreft mede de andere drie Rijken.

Wij vragen ons af, of deze geringe tegemoetkoming juist niet in zich bergt een groot onrecht in een ander opzicht voor het Rijk Soerakarta. Immers deze wijziging illustreert nog duidelijker hetgeen door Narpowandowo reeds met zoovele woorden in haar motie is bestreden en t.a. waarvan in Uw schrijven bovengenoemd zelfs niet een poging is gedaan om te weerleggen n.l. de opvatting van de Regeering als zou allevier Rijken op één lijn moeten worden gesteld. Wij zijn er van overtuigd, dat ditslechts een onbewuste daad van de Regeering is geweest zonder eenig opzet om Soerakarta ook maar in een enkel opzicht tekort te doen. Voorts kunnen wij niet aannemen dat het de bedoeling van de Regeering is, om aan een eeuwenoude traditie tewillen tornen en hetgeen de historie heeft opgeteekend gewoon terzijde te willen schuiven, doch het feit is niet te loochenen, dat de heele regeling, thans nog versterkt door de wijziging, geheel en al een geest van volkomen gelijkstelling van alle vier Rijken ademt.

Wij zullen ons niet laten verleiden datgene te herhalen, hetgeen wij reeds in de motie uivoerig hebben betoogd, doch het feit dat naar het schrijven van UHoogEdelGestrenge bovengenoemd, de regeling van den Radentitel slechts aansluiting bedoelde te zoeken aan de regeling van de rechspraak, is naar onze meening nog geen excuus, indien daarbij tegelijk een element wordt binnengehaald, waardoor de niet teloochenen hoogere positie van het Rijk Soerakarta naar beneden wordt gehaald en gelijkgemaakt - ofschoon wij herhalen nogeens "niet opzettelijk" - met die van andere Zelfbesturen waarvan enkele ontegenzeggelijk in positie lager behooren te staan.

Wij vertrouwen dat na hetgeen door ons boven is uiteengezet de Regeering aanleiding moge vinden Haar standpunt in deze nogeens te herzien.

Namens het Bestuur Van Narpowandowo

De dd. voorzitter.

W.G. SOERJODIPOERO

De Secretaris

W.G. POERWOSASTRO

AFSHRIFT

Batavia 17 September 1937

No. 1353/Vt- II

Bijlagen:-

Onderwerp: Bezwaren nieuwe tegen titulatuurregeling (Bijblad No. 13711)

Mijne Heeren,

Met verwijzing naar Uw schrijven van 12 September j.l. heb ik de eer Uw Bestuur het volgende mede te deelen.

Uwe opmerking als zounden degenen, die na de totstandkoming van den Rijksbestuurder van 1 April 1931. No. 7 erkenning hebben gevraagd en gekregen, van hunne aanspraken op den titel Raden met beroep op hunne afstamming langs de vrouwelijke lijn in het onzekere komen te verkeeren omtrent hun recht om den hun toegekenden titel te blijven dragen, als een gevolg van de invoering van de nieuwe regeling inzake inheemsche titulatuur, is, naar het mij voorkomt, niet juist.

--- 153 ---

Het heeft nooit in de bedoeling gelegen aan eenmaal verkregen rechten te tornen, zoodat de titels, verkregen volgens de voor de invoering van het G.B. van 30 September 1936 No. 31 geldende regeling, behouden blijven.

Wat betreft de onzekerheid van de aanspraken op afstamming langs de vrouwelijke lijn in gouvernementsgebied, met name in Midden - en Oost - Java (in West - Java kent men alleen overgang van den adel langs de mannelijke lijn) moge ik U mededeelen dat die hier in bestond, dat de plaatselijke adat ten aanzien hiervan in de verschillende regentschappen en zelfs soms in éénzelfde regentschap verschilde. Om een einde te maken aan de daaruit voortspruitende, dikwijls niet op te lossen moeilijkheden, heeft de Regeering, in overeenstemming met de Regenten, den overgang van den adel tot de afstamming in de mannelijke lijn beperk, behoudens de uitzondering genoemd in artikel 2 sub 3. Voor de afstamelingen der Midden - Javaansche zelfbestuurders is, om aan de bezwaren van Z.V.H. den Soesoehoenan tegemoet te komen, de overgang van den adel langs de vrouwelijke lij tot in den 6 en graad behouden gebleven.

Ten aanzien van de overige in Uwen brief genoemd punten, welke van principieele aard zijn, is geen verandering van de thans ingevoerde regeling te verkrijgen, aangezien de Regeering hieromtrent, na den Raad van Indie te hebben gehoord, eene beslissing heeft genomen, waarvan door den Gouverneur van Solo mededeeling is gedaan aan Z.V.H. den Soesoehoenan.

Hoogachtend, W.G. E. GOBEE

Adviseur voor Inlandsche Zaken.

[Iklan]

--- 154 ---

Pèngêtan Parêpatan Agêng Mirunggan, Kala Tanggal kaping 9 April 1937

Sambêtipun organ ôngka 10

Sarampungipun rêmbag bab rukun santana dalêm, wakil pangarsa lajêng ngacarani juru sabda R.M.H. Pringgawinata, supados angandharakên bab badhe wontênipun ada-adanan griya pamulasaranipun santana dalêm ingkang sami kasrakat, kados ingkang kawrat ing agendha ôngka IV.

R.M.H. Pringgawinata lajêng majêng ngandharakên minôngka bêbukaning rêmbag bab ada-ada damêl griya kangge pamulasaranipun para santana dalêm ingkang sami kasrakat wau, kados ing ngandhap punika:

Pangarsa: parêpatan.

Sadèrèngipun kula ngandharakên ingkang dados jêjêring rêmbag ingkang badhe kula aturakên mangke, kula parlu badhe ngaturakên dhatêng parêpatan, bab ingkang anjalari tuwuhing rêmbag punika.

Kula nuwun, wontên ing parêpatanipun pangrèh, kula ngaturakên usul ingkang suraosipun, wontêna ada-adanipun pakêmpalan kita Narpawandawa, ngawontênakên papan kangge amulasara, saha anggulawênthah para santana dalêm, wosipun rêmbag punika katampèn ing parêpatan pangrèh, mila dalu punika pangrèh matah kula supados nawèkakên dhatêng parêpatan, nanging sadèrèngipun ngrêmbag wosing ada-ada wau, kados langkung parlu kula wiwiti rumiyin sababipun anggèn kula tuwuh pamanggih kula kados ingkang badhe kula andharakên mangke.

Ing ngriki kula bêbukani utawi kula purwakani, saking sabab rèmèh-rèmèh, ingkang sami kita sumêrapi utawi kita alami wontên gêsang kalanganipun para sadhèrèk santana dalêm saumumipun, punapadene para sadhèrèk ingkang kasekengan, sampun dados ngadatipun punapa sampun pancèn kalimrah, para sadhèrèk kula punika saemut kula dumugi sapunika saha mirit cacriyosanipun para sêpuh sami gadhah dhêdhasar angayomi, wujudipun jaman 25 taunan sapriki, taksih kathah para luhur tuwin para santana dalêm sanès-sanèsipun, ingkang kaparêng angayomi dhatêng para tiyang alit punapadene dhatêng putra wayah, utawi santananipun [santanani...]

--- 155 ---

[...pun] piyambak-piyambak, nanging eman sangêt dene kawontênan kados makatên wau botên sagêd lastari, kabêkta saking ewahing kawontênan. Nalika samantên para santana dalêm saumumipun sami gêsang têntrêm, malah lacutipun (ladukipun) kenging kawastanan sami mulya, sagêd suka-parisuka sakaparêngipun, makatên wau botên anèh, jalaran pancèn kathah ingkang kasêmbadan utawi kathah ingkang sagêd ngêbèrakên kadarmanipun awujud arta, tênaga saha piwulang. Dumuginipun sapunika, kawontênan kados ingkang kula aturakên ing nginggil wau, kathah ewahipun, dene sabab-sababipun kados botên parlu kula aturakên, amargi sampun sami kita alami piyambak, amung ingkang cêtha kemawon saking taksih dèrèng sadaya, nêtêpi samêsthinipun ingatasing anggadhahi sêsanggèn awrat, inggih punika anjagi dhatêng kaluhuraning karaton dalêm dalah sawêwêngkonipun.

Amung kula botên badhe anggêpok tumrap bab wau, mindhak kapanjangên sarta angrêrônta manah, mênggah tuwuhing gagasan kula wau makatên (punapa botên kenging dipun bangun malih, dhêdhasar ingkang luhur sarta mulya wau). Amargi mirit lampah-lampahing kawontênan jaman kina-makina dumugi sapriki, ingkang sagêd anjunjung dlajating agêsang punika, dhêdhasaripun kêdah mawi pirantos utawi mlampah margi ingkang sarwa luhur (wosipun sarwa runtut) dados sanadyan margi wau angèla kados punapa dipun lampahi, (manawi pirantos inggih angèl pangupadosipun) nanging sampun satimbangipun manawi kêdah dipun lampahi sarta ingupadosan, dumugi samantên osiking manah lajêng kandhêg.

Nuwun, ular-ular kula ing nginggil wau namung badhe anggathukakên gandhèngipun kalihan atur kula mangke.

Para sadhèrèk, bokmanawi pakêmpalanipun para putra santana dalêm ingkang parlu angrumiyini, bêbadra ngiras ambangun dhêdhasar wau, sarana rekadaya kadospundi kemawon murih kadumugèning sêdya. Rèhning kalanganipun para santana dalêm punika botên sakêdhik cacahipun, ingkang sarwa cakêp sarta mrêtasamèni, dados kula yakin manawi pakêmpalan kita, punika sampun samêkta, namung kula cuwa sakêdhik dene kula dèrèng sagêd manggihakên, sababipun dumugi sapunika dèrèng wontên ada-ada ingkang salaras kalihan jamanipun, nanging sampun ngantos nilar kaluhuran kados [ka...]

--- 156 ---

[...dos]

atur kula wau, (watêk rêmên angayomi) dumugi ing ngriki manah kula lajêng jubêl malih, kula manah parlu ngupados tuladha-tuladha ingkang sagêd laras kalihan pamanggih kula wau. Gaduging pamanahan kula amanggih tuladha kalih warni, I ngawontênakên papan pamulasaraning para santana dalêm ingkang kasekengan, II papan panggulawênthahing para lare. Kalih bab wau kados kenging kangge amiwiti, nindakakên utawi mêmulih dhatêng wêwatêkan (pambêgan) angayomi wau, rèhning rekadaya makatên punika botên gampil, amila badhe nyuwun pambiyantu dhatêng para sadhèrèk ingkang sagêd maringi urunan pamanggih sarta tênaga. Dene bab arta malah kula angge dhawah kantun, amargi arta wau sagêd karekadaya kalayan para sadhèrèk kathah, ingkang sakintên sagêd. Amung gawat-gawating kawontênan punika, amurih lêstarining tatanan sae (runtut), amila urunan pamanggih sarta tênaga, ingkang kula rumiyinakên.

Bokmanawi sadhèrèk sawatawis wontên ingkang badhe andangu utawi pitakèn. Kadospundi mênggah badhe lampah-lampahipun, utawi rekadayanipun. Pitakenan wau, kados cêkap kula jawab kalihan wawasan kula ingkang taksih burêng, inggih trimah namung pinanggih lowung.

Cobi ing mangke kula badhe angandharakên kangge ancêr-ancêr, manawi botên kalèntu, pangayoman kita sahandhap sampeyan dalêm ingkang minulya saha ingkang wicaksana punika, kagungan griya-griya agêng sawatawis, kalih punapa tiga ingkang taksih suwung (têgêsipun botên kaparingakên kagêm putra dalêm) upaminipun tilas dalêm Natapuran, Natakusuman, tuwin sanès-sanèsipun, griya-griya wau, kaparênga kasuwun kangge papan ada-ada kados pamanggih kula wau. Dene tatananipun, manawi wontên sawênèhing santana dalêm ingkang pancèn têmên kasekengan gêsangipun, kenging nyuwun supados kaupakara wontên griya papan pangupakara, ingkang kula aturakên ing ngajêng. Ing ngriku dipun wontêni, sambèn padamêlan ingkang salaras kalihan kawontênanipun. Tamtunipun benjing sagêd dipun wontêni tatanan, mligi tumrap bab wau, dene manawi wontên ingkang babarpisan sampun jompo, inggih kalastarèkakên ngantos dumugi tilar dunya, namung sadaya wau, supados sampun nuwuhakên sêling sêrêp utawi rumaos karèmèhakên, sadèrèngipun [sadèrèngi...]

--- 157 ---

[...pun] katampèn wontên ing griya pamulasara wau, sami dipun mangrêtosna, bilih piyambakipun punika dipun prêdi murih saenipun, sampun ngantos anglêlèpèti awon dhatêng basanipun (bôngsa santana dalêm) makatên sapiturutipun, sadaya punika sawêg minôngka upami, dados kalampahanipun tamtu badhe kamanah para sadhèrèk sawatawis kadospundi prayoginipun.

Para sadhèrèk, atur kula punika sawêg kula angge sanepa andadosi barang ingkang sampun kalajêng, namung rèhning dandosan punika wontên badhenipun (bêbakalanipun) dados ingkang parlu sangêt kaupakara sapunika inggih bêbakalanipun. Wondene ingkang kula upamèkakên bêbakalan wau, para lare ingkang taksih dados têtanggêlan kita, sarta ingkang ing têmbenipun kagadhang-gadhang badhe anggêntosi nanggêl dhatêng saening para santana dalêm saumumipun. Sarèhning panggulawênthah makatên sagêdipun sae punika saking runtuting tatanan, amila ingkang parlu dipun wiwiti murih runtut, dene sagêdipun runtut punika saking tunggil panggulawênthah (tunggil dhêdhasaran) ingatasing satiyar, kados ingkang langkung prêmati punika dipun wontêni papan (griya) mligi kangge panggulawênthahipun para lare wau, ing sajawining pamulangan, inggih griya kangge panggulawênthahing para lare wau, ingkang kula suwun dadosa panggalihanipun pakêmpalan kita Narpawandawa.

Bokmanawi wontên para sadhèrèk ingkang kagungan pangunandika, kadospundi badhe rancangan wau, sanadyan taksih burêng pamawas kula, ewadene lamat-lamat parlu kula têrangakên, kados ngandhap punika:

Para sadhèrèk, ingkang kula damêl upami, manawi paring dalêm griya ingkang badhe kangge panggulawênthahing lare wau sampun wontên saking kadarman dalêm. Bokmanawi panggôntha-gôntha kula wau, minôngka kangge angiyatakên, bilih pambêgan ingkang raos angayomi punika pancèn botên ical, namung tumandukipun punika ingkang pakèwêd. Rèhning tumandukipun punika kêdah laras kalihan parlu- parlunipun, amila kula gadhah pangintên bilih kangge parluning adêgan punika ingkang sampun nama laras.

Prêlu kula wangsuli malih. Sintên ta ingkang gadhah kawajiban nyaèkakên budi pakêrtinipun anak- anak kita punika, tamtunipun inggih para sêpuh, dados ingkang parlu

--- 158 ---

tumandang punika para sêpuh sapunika. Manawi makatên para lare saenipun dipun dadosakên satunggal kemawon, kagulawênthah kados sacaranipun wontên pondhok. Manawi basa mônca dipun wastani: gesticht punapa internaat utawi instituut.

Nanging rèhning ngawontênakên ada-ada makatên punika sampun samasthinipun kêdah kanthi waragad. Mila inggih badhe mawi kapupu arta, kangge ngawontênakên têdha dalah pangupakaraning panganggèn. Ujupipun arta darma (urunan) têgêsipun undha-usuk miturut kawontênanipun. Namung kangge ancêr-ancêr ingkang sakêdhik piyambak upaminipun f 3,- (tigang rupiyah), dene ingkang pancèn têmên kasekengan wragad inggih lêlahanan. Ewadene sarèhning sadaya wau nama taksih grambyangan utawi ancêr-ancêr, dados botên parlu kula têrangakên panjang.

Mênggah atur kula sadaya wau, satêmênipun gandhèng kalihan bêtahipun Putri Narpawandawa, kados ing benjing têmpuking parlu (pangrêmbag) Putri Narpawandawa kasuwun supados ambiyantu murih kalampahanipun sêdya punika dados têrangipun ingkang golongan putri bêbahanipun Putri Narpawandawa, ingkang jalêr Narpawandawa.

Minôngka tutuping ular-ular kula, mugi para sadhèrèk sadaya kagungana panggalihan ingkang mindêng, muriha anak-anak kita ing têmbe, sagêd gêsang têntrêm, anggadhahi dhasar raos nanggêl dhatêng kawontênanipun para sadhèrèk santana dalêm saumumipun, minggahipun dhatêng panjênêngan dalêm nata. Inggih ratu gustinipun, sumrambah dhatêng praja dalah sawêwêngkonipun, wasana matur nuwun sarta nyuwun pangapuntênipun para sadhèrèk sadaya.

Satêlasing andharanipun juru sabda, wakil pangarsa lajêng nawèkakên dhatêng parêpatan, kadospundi panggalihanipun para warga.

R.M. Sasramijaya rujuk dhatêng adan-adanan wau, nanging botên prayogi bilih para santana ingkang sami dipun opèni wau botên dipun sukani pandamêlan, amila mrayogèkakên supados bab adan-adanan punika dipun santuni dados werkcentraal kemawon, manawi sagêd angsal pawitan, lajêng sagêd madêg piyambak.

Rm. H. Natadilaga 100% rujuk, namung inggih prêlu dipun èngêti dening para santana dalêm saumumipun, punapa ta sababipun, dene para santana dalêm punika [pu...]

--- 159 ---

[...nika] kathah ingkang kathetheran gêsangipun, manawi saking wawasan wontênipun para santana dalêm kathah ingkang nandhang sèkèng punika jalaranipun saking lumuh ing damêl, nanging karoyalanipun dinèkèk ngayun, amila pamanggihipun prêlu para santana wau angsal panggulawênthah utawi pitêdah ingkang mrih wilujênging gêsangipun.

R.M. Cakrapangarsa ngrujuki dhatêng pamanggih wau, kita para santana punika sok rêmên dhatêng barang lêlamisan, sabab dening ambujêng têmbung patut-patute, punika botên prayogi sangêt, prakawis lumuh ing damêl, punika nênuntun dhatêng pakêsedan, ingkang tundonipun namung badhe dados kasrakat wau.

R.M. Martana anglêrêsakên sababipun para santana dalêm sami risak gêsangipun, punika jalaran saking botên prasaja tindakipun, amila prêlu katuntun sagêda prayogi budi pakartinipun.

R.T. Gitadipura èngêt kala samantên Narpawandawa rak sampun ngadani bab werk centaal wau, inggih punika pagrêjèn Narpawandawa, punapa botên punika kemawon kangge papan.

Rm.H. Priggawinata ngaturi jawaban dhatêng para ingkang sami mêdhar sabda wau, wosipun: adan-adanan punika bilih saèstu sagêd ngadêg, botên badhe nampèni tiyang kêsèd ing damêl, dene ingkang dipun gayuh sagêda para santana ingkang risak budi pakartinipun wau wangsul imanipun dados sae malih, amargi prakawis awon saening para santana punika cêtha manawi dados wajib kita kaum Narpawandawa.

R.M. Cakrapangarsa gandhèng kalihan pangandikanipun R.T. Gitadipura wau, nyuwun mitêrangakên, bab kawontênanipun pagrêjèn Narpawandawa punika kadospundi.

Wakil pangarsa paring wangsulan, bab pitakènipun R.M. Cakrapangarsa punika sarèhning botên kalêbêt ing agendha, sarta kumisinipun botên wontên, dados pangrèh botên sagêd suka katrangan saparlunipun. Samangke mangsuli rêmbag bab badhe wontênipun papan pamulasaranipun para santana ingkang kasrakat wau, miturut rêmbag-rêmbagipun para pamêdhar sabda wosipun sami rujuk dipun wontêni, amila pamanggihipun para warga sanès-sanèsipun kadospundi, sadaya sami saur-pêksi rujuk, dene pamatahipun panitya ingkang kawajiban manah bab punika kapasrahakên pangrèh.

Dumugi jam 12 langkung, parêpatan katutup, wilujêng.

Isinipun Organ Punika

Turunan paturan kaping 19-10-'37 ôngka 116/648 bab sêsêbutan dalah sakanthinipun ... 145 | Pèngêtan parêpatan agêng mirunggan kapêngkêr ... 154 | Pananggalan