Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1937-12, #407

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1937, #407
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1937-01, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #298.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1937-02, #407 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #517.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1937-03, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #518.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1937-04, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #519.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1937-05, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #520.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1937-06, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #521.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1937-07, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #522.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1937-09, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #523.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1937-10, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #524.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1937-11, #407 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #525.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1937-12, #407 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #526.

Ôngka 12, Dhesèmbêr 1937

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya Saha Wicaksana Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran - Surakarta. 3177 ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO '37. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasradipraja, Kapatihan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Ariadi

Nuwun, sarèhning wêkdalipun kalawarti (organ) punika nyarêngi dintên lêbaran Siyam (Ariadi) minôngka sêsulihipun para pangrèh tuwin rêdhaksi administrasi Narpawandawa, sowan sirahtulrohmi dhatêng para warga sadaya, bokmanawi wontên klenta-klèntuning tindak-tanduk sasaminipun, mugi sami angêgungna pangaksama, kalêbura ing dintên punika. Kantuna anglanggêngakên sih sutrêsna gotong-royong angangkat pakaryanipun Narpawandawa, anggèning nêdya anjagi mrih saya luhur tuwin wilujêngipun nagari karaton dalêm ing Surakarta Adiningrat.

Kaping 1 Sawal Ehe 1868.

Rêdhaksi administrasi.

--- 162 ---

Santana Dalêm - Lan-gêrèh

Tamtunipun para maos sampun sami midhangêt, ing ariwarti Darma Kôndha basa Jawi, ingkang mêdal kala kaping 12 Jumadilakir Ehe 1868 ôngka 187, ngabarakên bilih wontên santana dalêm kacêpêng ing pulisi, sabab dening ambêkta ciyu, lajêng kaajêngakên dhatêng pangadilan lan-gêrèh, kaputus ukum dhêndha f 250,- utawi kaukum badan 6 wulan, sarèhning botên sagêd ngaturi dhêndhan, mila lajêng kakunjara wontên ing buwi guprêmèn, bab punika pangrèh Narpawandawa sampun lajêng gadhah atur dhatêng kawadanan putra santana dalêm, manawi pakabaran wau lêrês, kawadanan putra santana dalêm kaparênga ngurus sarta mundhut pindhahing pangunjaranipun, amung miturut katrangan saking pangagêng panggenan (Hoofd van Plaatselijk Bestuur) katitimasan kaping 28 Agustus 1937 ôngka B.16669/38 wosing suraos, wontênipun pangadian lan-gêrèh purun mutus prakawis kasêbut ing nginggil, sabab saking lêpatipun dakwa piyambak, jalaran wêkdal ngadhêp ing ngarsanipun pangadilan, lêrêsipun sagêd ngaturakên kalênggahanipun anggèning dados santana dalêm, amila pamundhutipun kawadanan putra santana dalêm, supados Radèn Mas Subrata wau kapindhah dhatêng panti pidana, botên sagêd minangkani, amargi ingkang mutus prakawisipun wontên pangadilan guprêmèn, dados pamidananipun inggih wontên ing pakunjaran guprêmèn, bab punika nagari ugi paring dhawuh katrangan kawrat sêrat katitimasan kaping 29 Oktobêr 1937, ôngka 2114 C/2/I turunanipun sami kapacak ing ngandhap punika:

TOEROENAN

SIGERA.

No. B16669/38. Soerakarta, 28 Augustus 1937

Hal: R.M.SOEBROTO dihoekoem dalam boei besar

DENGAN HORMAT

Menarik Kangdjeng Boepati ampoenja soerat tertanggal 16 Augustus 1937 No. 1960/III saja atoer bertaoe, bahwa dari salahnja R.M. Soebroto sendiri ia sampai mendapat hoekoem dari hakim Landgerecht, sedang waktoe ia dipriksa dimoeka hakim dan sebeloemnja hoekoeman ditetapkan samestinja dapatlah ia memadjoekan tentang kedoedoekan dan bangsawannja.

Oleh karena sekarang vonnisnja soedah didjalankan, terpaksalah ia tidak dapat dipindah ke Pantipidono, karena jang memoetoes perkaranja itoe hakim Gouvernement oentoek didjalani hoekoemannja dalam pendjara Gouvernement.

--- 163 ---

Maka dari itoe saja harap hendaklah Kangdjeng Boepati soeka memberi taoe jang demikian itoe kepada Pembesar Kawadanan Poetra santono dalem tengen.

dd. Assistent - Resident Soerakarta

Wg ...

Diatoerkan jang terhormat Kangdjeng Boepati Kota Soerakarta.

Ôngka 2114 C/2/I.

Bab Radèn Mas Subrata

Sêratipun pêpatih dalêm, katur dhumatêng wadananing putra santana dalêm têngên.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, sêrat katitimasan kaping 8 Sèptèmbêr 1937 ôngka 163/K.T./18 sakanthinipun sampun kula uningani, bab anggènipun Radèn Mas Subrata kenging prakawis, tumindak ing Landgerecht miturut katrangan saking tuwan asistèn residhèn ing Surakarta, saking lêpatipun piyambak, dening nalika kapriksa ngantos dumugi karampungan, botên mratelakakên bilih taksih santana dalêm, dados kainanipun piyambak, punika kasêrêpna dhatêng Radèn Mas Surasupadma, manawi sampun trimah. Kasêrêpna pisan, bilih anggènipun nyuwun supados anakipun kapindhah dhatêng panti pidana, panggalihanipun nagari botên sagêd, amargi ingkang ngrampungi prakawisipun Radèn Mas Subrata pangadilan guprêmèn, dados sampun salêrêsipun, kaukum wontên pakunjaran guprêmèn.

Kasêrat kaping 29 Oktobêr 1937.

Pêpatih dalêm, Kangjêng Pangeran Arya Adipati Wg. Jayanagara

Sasampunipun para warga nguningani kawontênan kados ingkang kasêbut nginggil, murih botên wontên kadadosan makatên malih, bokmanawi wontên sadhèrèk santana dalêm ingkang manggih prakawis, kêdah enggal pratela manawi saliranipun wau [wa...]

--- 164 ---

[...u] taksih santana dalêm, dados prakawisipun lajêng kainggahakên dhatêng pangadilan dalêm pradata, tur botên adamêl rêkaosipun ing ngakathah.

Pangrèh.

Rukun Santana Dalêm

Kala ing dintên tanggal kaping 31-7-'37 pangrèhing rukun santana dalêm damêl parêpatan, manggèn ing dalêmipun Radèn Mas Arya Natadilaga, pangrèh saha ingkang dipun suwuni pitulungan pêpak, dipun bikak dening pangarsa kados padatan, pangarsa nglapurakên nalika tanggal kaping 12-7-'37. Santana dalêm buyut Radèn Mas Panji Nêrangkusuma tilar dunya, sarèhning kawontênanipun katingal mêmêlas sangêt, mila rukun santana dalêm maringi waragad kathahipun f 15,- miturut wara-wara kados ingkang sampun kasêbarakên, ingkang salajêngipun sampun katanjakakên sacêkapipun.

Panitya ingkang kapatah nyuwun arta darma, nglapurakên angsal-angsalanipun arta darma wontên f 10.12 kaparingakên minôngka pituwasipun ingkang mlampah f 1.01 tampi rêsik sadaya wontên f 9.11 dados petangipun kalihan wêdaling arta f 15,- kas tuna f 5.89.

Panitya ingkang kapatah ngamat-amati nglapurakên, miturut wawasan wontênipun arta darma angsal- angsalanipun dèrèng nglêgakakên, sabab nama sawêg katêmbèn sadayanipun, liripun makatên, tumrap panindakipun pangrèh piyambak dèrèng sagêd paham sadaya, dene lopêripun ugi dèrèng lanyah ingkang kêdah dipun suwuni, mila botên anèh upamia taksih sarwa anguciwani samudayanipun, mila pangrèh pitados sadaya kalêpatanipun pangrèh dalah ingkang bantu, tamtu dipun paringi gênging pangapuntên, kajawi punika pangrèh nyuwun kalayan sangêt mênggah badhe sih kadarmanipun para luhur sarta para bandara sadaya, punika ta, bêbasan nadyan tega larane masa gèk tega patine.

Ing ngriki kula badhe ngaturi katrangan dhumatêng ingkang botên karsa paring darma nanging malah ...

Kula nuwun bandara, mênggah adêgipun rukun santana dalêm punika, sampun dipun rujuki [ruju...]

--- 165 ---

[...ki] parêpatan agêng Narpawandawa, dene sêdyanipun, mligi ngrukti layonipun santana dalêm, amargi manawi wontên jisimipun santana dalêm botên karukti, punika lajêng sintên ingkang manggih wirang isinipun, botên sanès inggih wandawa dalêm saumumipun, rumèmbètipun sagêd anggayut ratu gusti kita ingkang tansah kaluhurakên punika, mila saking pamanggih kula adêgipun rukun santana dalêm punika, lêrêsipun botên wontên satunggaling wandawa dalêm ingkang botên angrujuki, ewadene manawi wontên ingkang nyelaki, sumôngga sami sêsarêngan dipun suwunakên pangapura, ingkang satêmênipun mêsthi botên sagêd anyelaki, mila kula pitados, masa gèk inggih adêgipun rukun santana dalêm kawon kalihan rukun kampung, punika saking kiyas kula mêsthi botên, sabab ... ewadene ngantos dumugi laya malih, punika têgêsipun inggih ... nul.

Kula nuwun pangrèhing rukun santana dalêm, miturut sêsêrêpan kula wiwit emut ngantos dumugi dintên punika, sabên wontên pakêmpalan jumêdhul botên dangu lajêng kakubur, samantên ugi pintên-pintên pakêmpalan pralenan ingkang dèrèng jênat nanging mêksa nglèmprèh tanpa bayu, mênggah kadadosan ingkang kados makatên punika tamtu andadosakên pitakenan ing dalêm batos, wah ngantos judhêg manawi kula ngraosakên thik prilipun sadaya ada kita, ewadene cobèn-cobèn kula klènthèkipun ambokmanawi sagêd kasumêrêpan undêranipun.

Mênggah wontênipun ada kita sabên jumêdhul tamtu lajêng dhawah kantêp, punika angsal-angsalanipun anggèn kula rêmên nênitèni, namung inggih manawi botên lêpat pandumuk kula, sajak-sajakipun tumraping pakêmpalan awit pangrèhipun kirang tumêmên punapadene warganipun kirang sêtya, kados ta upaminipun: purunipun dados pangrèh wau namung pados wah dipun wastanana jêmpol. Wontên ugi ingkang namung kangge pados pangaruh ngupados upa, dados têgêsipun golèk ontung topèng pakêmpalan. Sarta ugi wontên malih sarêng kapilih dados pangrèh, angrumaosi tampi drajad inggil, sadaya warga dipun anggêp karerehanipun. Namung manawi para warga ingkang kalimrah kirang nêtêpi janji, mila inggih angobor [a...]

--- 166 ---

[...ngobor] blarak, têgêsipun ramene yèn lagi anyaran, nanging sabanjure jeleding.

Sasampunipun kula anggambar rubedaning pakêmêpalan kasêbut nginggil, murih adêgipun rukun santana dalêm botên thik pril, kula gadhah pamanggih makatên, sadaya pangrèhing rukun santana dalêm, anggènipun tinanggênah, nyêpêng tuntunan, angrumaosana ngabdi rukun santana dalêm, ingkang ugi nanggêl jawab ing sadaya bab, mila kiyas kula, ambokmanawi namung sarat kalih klimah punika ingkang sagêd mulyakakên rukun santana dalêm, nanging manawi taksih trêsna dhatêng sêsakit kina miyos kados adat, punika atur kula kantun ngêntosi dhatêngipun kaum ingkang nucèni.

Kula nuwun pangrèhing rukun santana dalêm, mênggah adêgipun rukun santana dalêm punika, ugi kalêbêt bab saperanganing upacaranipun kraton, amargi adêgipun kraton punika botên namung kacêkap bale agungipun, pêpatihipun, militèripun, sarta sêtatmanipun, nanging ugi botên sagêd nilar môndrapura dalah yogiswaranipun, gênah, sapunika saya langkung cêtha sangêt, manawi sajatosipun panjênêngan sadaya ngurbanakên tênaga wontên kalanganipun rukun santana dalêm punika, ugi kalêbêt satunggaling gayuhan luhur, mila manawi wontên ingkang nyêpèlèkakên utawi ngrèmèhakên, punika botên sanès namung anêdahakên mênggahing kabodhoanipun, mila sumôngga nun tumuntên cekat-cèkêt, manawi kita pangrèh sampun sagêd buktèkakên mênggahing kacêkapanipun nyêpêng kêmudhi kalayan bèrès, sampun kuwatos, sadaya ubarampenipun layon ingkang sarwa masinê tamtu dhatêng saking kajêngipun piyambak, namung manawi mlêmpêm langkung rumiyin kêdah nyêpakakên idin mastêr, kalêbêt.

Si unyik Cakrapangarsa.

Pêthikan saking Kabar Paprentahan.

Bab Suwunan Lilah Pasang Kijing Sapanunggilanipun

Ôngka 105/4 Ca I

Panggêdhening parentah karaton andhawuhake marang kang padha duwe lêluhur dhèrèk kakubur ana kagungan dalêm pasarean astana Lawiyan, manawa sumêdya

--- 167 ---

pasang kijing utawa pasrèning kuburan ana kagungan dalêm pasarean ing astana Lawiyan, kaya kang kasêbut layang kêkancingan manira katitimasan kaping 3 Nopèmbêr 1934, iku wiwit titimasaning wara-wara iki, panyuwune lilah marang parentah karaton anggone pasang kijing utawa pasrèning kuburan mau, katamtokake apês-apêse kurang 10 dina karo tamtuning dina pamasange kijing utawai pasrèning kuburan. Kajaba iku para santana dalêm sarta abdi dalêm kang darbe atur kamot layang tumrap suwunan palilah parluning kagungan dalêm pasarean astana Lawiyan sarta Ngèndhèn, iku manawa paturane mau ora lumantar lurahe utawa wadanane, kudu mawa mratelakake omah padunungane, supaya ora gawe kidhung tumindaking dhawuh katrangan suwunane, manawa ana kang ora nêtêpi bakal ora kaparêngake, wara-wara iki kapacak ing layang kabar paprentahan supaya padha sumurup saparlune.

Kaping 13 Oktobêr 1937.

Panggêdhening parentah karaton.

Kusumayuda

Wong pintêr kang isih gêlêm anjaluk rêmbuging liyan, iku dianggêp manungsa wutuh, sapa sing rumasa pintêr, suthik anjaluk rêmbug marang liyan, iku manungsa satêngah wutuh, lan sing sapa ora duwe panêmu dhewe, môngka ora gêlêm anjaluk rêmbug marang liyan, iku babarpisan dudu manungsa.

(Wulang Darma Arab V.A. 1928).

Sambêtipun Bab Têtanggêlanipun Bapa dhatêng Anak (Turun)

Kawrat ing organ ôngka 7

Pasatuwan punika punapa

Miturut pamanggih kula, pasatuwan punika, kawruh utawi ngèlmi nyatunggalakên (anggathukakên) watak kalih dados satunggal (nglaras watak warni kalih supados laras runtut) tumrap jalêr kalihan èstri anggèning bêbrayan bêbojoan, murih bagyaning bêbojoan. Bab punika manungsa sajagad nganggêp wigatos sangêt dipun parsudi utawi dipun sinau, amargi jêjodhoan jalêr èstri punika mênggahing bêbrayaning [bê...]

--- 168 ---

[...brayaning] agêsang sangêt wigatos kangge tiyang punika ugi kangge bêbrayan umum, sangking wigatosipun pramila pangudinipun para ahli budi luhur inggih botên gampil.

Miturut ahli anthropologie (kawruh kodrating manungsa) ingkang niti nyinau lampah panggêsanganing manungsa wiwit ing jaman kuna-kumina. Manungsa ngwontênakên tatanan bêbojoan, sasampunipun angalami lêlampahan jêjodhoan ewon taun (jêjodhoan tanpa tatanan) lajêng tuwuh jêjodhoan mawi tatanan, sanadyan makatên ewadene mêksa botên gampil ngêcakakên tatanan punika, awit sangking gandhèng kalihan kawruh batining manungsa (kalarasa kalihan kawruh kita anjodhokakên jalêr èstri sarana sarat masrut lair batin), ing pangintên sarat masrut lair kemawon badhe saya têbih sagêdipun sampurna) lêlajênganipun pamawas, pangajêng-ajêng sagêdipun bagya mênggahing jêjodhoan, kenging dipun têtêpakên saking bab pamoripun lampah-lampahing pikiranipun (mentaliteit) tiyang kalih ingkang dipun jodhokakên, wontên tuladha: tiyang jalêr pintêr, jêjodhoan kalihan tiyang èstri ingkang botên pintêr, watak kalih ingkang isinipun beda, kadadosan makatên punika tarkadhang namung katarik rupi ayu, sugih arta utawi turuning awirya, jodhoan kados makatên punika adat pun jalêr ingkang dados kuwasa, èstrinipun dados si kudu nurut. Jodhoan kados makatên punika adhakan botên lêstari, sabab pun jalêr enggal bosên dening satungan ajêg kalihan si bodho, ingkang èstri kêrêp kêsakitan manahipun sabab kudu mung manut sapakon, kajawi manawi pun jalêr sagêd tansah marêm nyawang ayunipun kemawon, utawi ingkang èstri marêm tansah ajêg dipun ingoni. (Pamarêm-pamarêm punika gadhèng kalihan bab kabatinan, sasat botên sagêd dipun wawas langkung rumiyin sarana panitikan kalairan) dene lêlampahan kados makatên punika wontên ingkang kalampahan, inggih punika sarjana J.W. Goethte ahli musik ing Jerman, ingkang jêjodhoan kalihan wanita ingkang têbih kaoting kasagêdanipun, nanging sagêd atut-runtut, sababipun sanadyan busuk, nanging botên nate brabeyan ngregoni pandamêlaning lakinipun (watakipun botên brabeyan, panitikanipun inggih botên sagêd sarana kalairan walaka). Malih miturut karanganipun sarjana Bernard Shaw ingkang dipun ngalamati: Coshell Byron's Profession" nyariyosakên jêjodhoanipun [jêjodhoa...]

--- 169 ---

[...nipun] wanita ingkang pangajaran inggil, kalihan priya ingkang botên pangajaran, sagêd inggih bagya.

Sapunika wawasan jêjodhoan ingkang gandhèng kalihan watak-watakipun. Manawi tiyang judhas jêjodhoan kalihan judhas adhakan tansah tukar pabên anjalari bibaring jêjodhoan. Beda kalihan ingkang cêkapan kawantêranipun sami, makatên ugi pun judhas kalihan pun sabar, sabaripun sagêd ngêndhak gunaning judhas, punika sagêd nuwuhakên dados rukun (watak sabar lan judhas punika malih botên gampil dipun titik kalihan kalairan walaka) lajêng jêjodhoanipun jalêr ingkang ngumur 35/40 kalihan èstri 18 taun, punika gotèk umuming kalairan masthèkakên botên badhe runtut. Bab punika ahli Psychologie (ahli-ahli ngèlmi jiwa = nyawa) mawas kathah pangajêng-ajêng bagyanipun, anggêripun pun jalêr botên krepo, utawi ingkang èstri Aedipus (taksih ing tundhaning akil balèg), tundhaning Aedipus punika namaning watak ing kawruh Mythologie (ilmi ka-Allahan) ing Yunani, jêjodhoan jalêr utawi èstrinipun langkung sêpuh kathah, punika sagêd nuwuhakên pangraos utawi panganggêp kados tiyang sêpuhipun. Malih ingkang wigatos prasasat para ahli Psycholoog umum nêtêpakên, jêjodhoan ingkang salah satunggalipun sangêt agêng kajêngipun dhatêng sarêsmi punika masthi botên sagêd bagya.

Nitik andharan punika nelakakên kalairan botên nyêkapi kangge nêtêpakên panitikan, kêdah ngangge panujuman (kabatinan). Nujumi wataking manungsa punika condhong ngangge sarana petang pasatuwan, nitik wêdalanipun ingkang badhe dipun jodhokakên, sasaminipun, dene tumrap kalangan kita petang punika taksih dipun angge dumugi sapunika, sanadyan wontên ingkang botên ngajêngi, sabab petang punika dipun têtêpakên gugon-tuhon. Miturut primbon ingkang sampun-sampun mèmpêr lajêng dipun têtêpakên gugon- tuhon, amargi ing primbon dipun pathok cêkak tanpa katrangan ingkang sagêd dipun laras dados kawruh wetenschap sabab saking punika dipun wastani gugon-tuhon, nanging pasatuwan utawi petang punika manawi dipun têtêpakên gugon-tuhon utawi omong kosong, kok inggih mokal ing akal sangêt, sabab botên pinanggih ing nalar, lêluhur kita ingkang kalok ahli kabatinan, nganggit petang ingkang nonsens tur kangge [kang...]

--- 170 ---

[...ge] ngetangi prakawis wigatos, lêlajênganipun dipun tilarakên ing turun-turun, punapa inggih ta lêluhur kita damêl mainan turunipun. Punika mêsthi botên, dados kawruh petang punika masthi dede barang ngayawara, lan prêmainan, ing nginggil sampun kula pratelakakên sakêdhik, gandhèngipun petang kalihan nujum palintangan (astrologie) ingkang astrologie punika sarjana sujana pintên-pintên bôngsa mastani kawruh (wetenschap) nujum mêdharakên wêwadining jagad, dados anggèn kula nonsens nakên kawruh petang tuwin pasatuwan punika botên anèh manawi dipun wastanana sabab namung lumuh marsudi walaka.

Katrangan sakêdhik bab panujuman palintangan, gandhèngipun kalihan kalairan.

Miturut ingkang sampun kalampahan panglaras babing panujuman palintangan punika sagêd dipun jumbuhakên dhatêng kalangan warni-warni, kados ta: dhatêng tanêm tuwuh, manungsa kewan ugi dhatêng daya limun, ing ngriki sagêd dipun tampèni têrang kabêkta sangking lampahing daya isining bawana aliru lambang, anamani dhatêng kalairan, inggih dayaning kartika-kartika (planeten) dhatêng jasat, gêsanging roh, tuwin budi.

Gôntha ubêng ingêr isining alam ing kalowonganing alam ing wêkdal punika dipun têtêpakên, kalairan gandhèngipun kalihan kawruh kodrat, budi tuwin prakawis sukma, punika andayani dhasaring kalairan gandhèng kalihan bagya cilakanipun.

Miturut ingkang sampun kalampahan dipun titèni (nyatakakên) bab pambudinipun ngèlmi nujum palintangan, dipun jumbuhakên ing sadhengah, ing wêwêngkon nyakup dhatêng tanêm tuwuh, kewan, manungsa, makatên ugi daya ingkang dipun kandhung ing pêlikan, malah inggih dhatêng wêwêngkon sadaya ingkang kasrambah ing dayanipun palintangan. Dados sagêd dipun jôngka pintên-pintên warnining palintangan, pundi ingkang kacakup ing daya isining alam ingkang daya-dinaya aliru lambang. Bumi kita saisinipun punika inggih katandukan daya kêkiyatan gêtêring sorotipun isining alam punika, (kartika-kartika = planneten) sêsambêtanipun daya punika ingkang nuwuhakên ngèlmi panujuman palintangan. Ngèngêti bab kalairan gandhèngipun kalihan palintangan ing abad-abad ingkang kapêngkêr sampun dipun dhapuk dados, gêgayutanipun kartika-kartika kalihan kajasmanèn, kasuksman, sarta gêsangipun manungsa.

--- 171 ---

Ing sad kalairan punika, pun lair, jasatipun, kasukmanipun, tuwin ruhipun punika kadayan ing gêtêran- gêtêraning sorot sangking isining alam (kartika-kartika), dados dhêdhasaring pun kalairan sarta bagya kojuripun lêlampahan ingkang badhe dipun lampahi. Kanyataanipun bab punika botên namung mirit ingkang sampun kalampahan ing dasanan taun ingkang kapêngkêr, nanging mirit punapa ingkang sampun kalampahan ing pintên-pintên abad ingkang kapêngkêr dipun titi kanthi sêtiti. Makatên ugi kanthi wawasan cara enggal (modern).

Saking pundi lan kadospundi dhatêngipun daya-daya kêdêran sorot wau

Tuladha: kadospundi para astroluh sagêd gôntha pakartining kartika-kartika, utawi kêdêran-kêdêraning sorotipun, sadaya kartika punika anggadhahi kêdêran sorot ingkang beda-beda, utawi kados kêdêran soroting èlêktris, sorot wau tumanduk dhatêng bumi kita saisinipun, ugi dhatêng kartika sanèsipun, sagêd dipun gambar kados ombaking radhio panggenan ngintunakên suwara, ombak wau sagêd dipun pêndhêt ing pirantos nampèni ingkang sampun dipun cundhukakên, mirid kados lampah gêtêraning sorot saking kartika-kartika dhatêng punapa ingkang dumunung ing bumi, bedanipun, tumrap manungsa cundhukipun ing nalika lair, kalihan isining alam, ingkang ing nalika ngengingi anggotaning kalairan amrabawani. Sapintên daya ingkang mrabawani, punika miturut sapintên daya-dayaning kartika-kartika ingkang tumanduk ing sad punika, aliru lambang utawi rêbat daya lajêng tumandukipun dhatêng kalairan: panujuman palintangan dipun gôntha daya-daya ingkang gadhah daya prabawa punika wontên sakawan warni, Ha, kartika-kartika (surya côndra kalêbêt ugi kartika: planeet). Na, bageyan 12 pôntha saking lamêngan lacaking surya, satunggal-tunggalipun dipun karani namaning lintang. Ca, kandhang, inggih punika sunglon ingkang pados garising bageyan 12, garis mangandhap dumugi bumi kita. Ra, tumandukipun kêdêran-kêdêran sorot ing sad nalika ngengingi. Prabawanipun kartika-kartika ing dalêm bageyan 12 punika beda-beda, satunggiling kartika wontên ing bageyan lintang: Ha, (karaning tôndha ing bageyan 12), botên sami kalihan manawi manggèn ing lintang: Na, wontên ing Ha, kartika wau daya prabawanipun kiyat, nanging wontên ing sanès tôndha dados lêmah, adêg manggènipun kartika ing

--- 172 ---

dalêm tôndha-tôndha punika dipun wastani, panggenan liru lambanging dayaning kartika-kartika lan sanèsipun. Tuladha: upami: surya punika bijinipun aji 5, surya dumunung ing tôndha a. ingkang condhong = +4, nanging surya ing tôndha b. kaprabawan dados -4: têrangipun kalairan ing môngsa III (½ 3½ = 4) rêmên ngudi dhatêng sêsêrêpan, turut lan titi - kajêng dhatêng adil. enz.

Kalairan ing môngsa I (½ 1½ = 2) rasakan, kêncêng karêpe - kumaluhur. enz.

Kalairan ing môngsa IV (½ 6½ = 7) karêm lêlana, mardika karêpe - karêm mêmikir, maton enz tuladha upami: punika sawêg kula pêthikakên sabageyaning daya prabawa isining alam warni kalih, ingkang gandhèng kalihan watak dhasaring kalairan. Katranganipun supados têrang pinanggihing kawontênan yêktosipun daya-daya wau sagêd mrabawani dhatêng jasmani utawi ruhkani, ingkang gampil kula aturakên gandhèngipun kalihan kawruh tanêm tuwuhing bageyan kawruh ingkang prasaja lan sumrambah, (Sederhana dan popoelèr).

Tanêman punika tuwuhipun saking asal wiji, wiji sagêdipun thukul kasababan dening daya- dayaning kodrat, sasampunipun thukul, thukulan punika makarti ngagêngakên sarta ngiyatakên tuwuhipun (wit sasaminipun) oyodipun nêsêp sari saking siti, titah siti, (godhongipun nyêrot sari saking swasana), hawa punika dipun wastani sari wungkulan = koolzuur) sari warni kalih sangking oyod lan sangking godhong punika manawi kataman kêdêran soroting surya (titah srêngenge) lajêng santun sipat dados pathi, lan hawa oboran (zuurstof) pathi kataman ing daya hawa oboran dados jasating wit, manawi hawa oboran sampun ngrampungakên pakartinipun andadoakên jasating wit, katarik saha kasurung ing kodratipun mêdal sangking wit-witan, hawa oboran (zuurstof) lungsuran sangking tanêm tuwuh punika wontên ing Jawi wor kalihan swasana lajêng piguna dhatêng kewan sarta manungsa, salajêngipun hawa sangking kewan sarta manungsa ingkang botên kangge, piguna dhatêng thêthukulan. Ing ngriki dados katrangan, titah satunggal kalihan sanèsipun pedah-pinaedahan, kêdêran soroting surya sagêd nuwuhakên watak ingkang makarti ing dalêm jasading wit-witan. Dados pinanggihing akal (logisch) manawi kêkêdêrdêrankêkêdêran. [kêkêdêr...]

--- 173 ---

[...dêran] soroting kartika inggih andayani dhatêng kalairan utawi manungsa.

Sapunika kados sagêd marêmakên katrangan punika, sanadyan namung cêkak. Utawi apêsipun sagêd dados ular-ularing panggalih, nyinau ingkang lêlajênganipun nuwuhakên pamarêm sarta ngicalakên panganggêp nonsens = kawruh punika kula wastani, ewoning kawruh kabatinan, ingkang piguna ing agêsang, manawi anggèn kula mastani punika mupakat, dados kawruh kabatinan punika wigatos sangêt tumraping gêgayuhan ing dalêm gêsang ugi, botên namung kêdah dhatêng gêgayuhan prakawis mati, kados ingkang limrahipun anggêr kabatinan, punika kawruh kangge sangu manawi benjing pêjah.

Sumarta.

Pranatan Ngabêktèn

Ing dintên Kêmis kaping 6 Sawal salênggah dalêm sinewaka, para bandara kangjêng pangeran putra santana, putra dalêm timur, saha riya nginggil, sami kalilan ngabêkti.

Salênggah dalêm ing parasêdya, garwanipun para bandara kangjêng pangera putra santana, saha Bandara Radèn Ayu Natadilaga, kalilan ngabêkti saha ngabêkti ing pramèswari dalêm.

Ing dintên malêm Akat kaping 9 Sawal, salênggah dalêm ing parasêdya, abdi dalêm golongan mêthakan, saha juru kunci Imagiri tuwin jimat ing Kuthagêdhe, sami kalilan ngabêkti.

Ing dintên Kêmis kaping 13 Sawal, salênggah dalêm sinewaka, pêpatih dalêm, para bupati saha bupati anom, tuwin warganipun bale agung ingkang pangkat panèwu mantri sapanunggilanipun, sami kalilan ngabêkti.

Salênggah dalêm ing parasêdya, garwanipun pêpatih dalêm, garwa rabinipun para bupati saha bupati anom, santana wayah dalêm èstri ingkang sampun krama, kalilan ngabêkti saha ngabêkti ing pramèswari dalêm.

Ing dintên Kêmis kaping 20 Sawal, salênggah dalêm sinewaka, komandhaning prajurit dalêm, sakancanipun kaptin upsir, saha polêntèr, sami kalilan ngabêkti.

Salênggah dalêm parasêdya, garwa rabinipun para abdi dalêm upsir minggah, santana buyut canggah dalêm èstri, kalilan ngabêkti saha ngabêkti pramèswari dalêm.

--- 174 ---

Satêlasing ngabêktinipun para putri saha èstri wau, abdi dalêm ordhênas, carik ordhênas gidês kadipatèn, lajêng kalilan ngabêkti.

Ing dintên Kêmis kaping 27, salênggah dalêm sinewaka, para santana riya ngandhap, panji, tuwin santana dalêm wayah, kalilan ngabêkti.

Salênggah dalêm parasêdya, para abdi dalêm panèwu mantri gêdhong, saha lurah ingkang santana buyut canggah, panèwu mantri pêthilan, saha panèwu mantri wayah buyut canggah dalêm, panakawan pamagang buyut canggah dalêm, kalilan ngabêkti.

Nata, Satriya, Kawula.

Kêdah Dados Sêsangkulanipun Narpawandawa.

Dening S. Sasramijaya

I

Irah-irahan ing nginggil punika, manawi katampèn saklebatan, sagêd dipun kintên-kintên Narpa, gadhah sêsanggèn ingkang sakalangkung awrat, dening pamanahan tigang golongan, kêdah dados sêsangkulanipun, sawênèhing pangintên punapa têmtu sagêd kacêkap, punika inggih wontên lêrêsipun. Nanging manawi katandhêsakên kalihan raos ingkang lêbêt. Bilih Narpawandawa sagêd nyakup utawi nyarambahi padamêlan tigang golongan wau, nama sawêg anglênggahi wajib, utawi samêsthinipun. Dados inggih kagolong dede pandamêl ingkang awrat. Ewadene ingkang langkung sayogi satunggal-satunggalipun êbab, badhe kula bèbèr wontên ing ngriki, ingkang supados sagêd dados panggigahing panggalihipun ingkang sami kawajiban. Tundonipun lajêng sagêd anênangi raos kados ingkang kita kajêngakên. Wondene jerenganipun kirang langkung kados ing ngandhap punika:

1. Panjênêngan nata, punika kagungan kawajiban:

Ha: Mranata kawontênanipun nagari sawawêngkonipun, sasipataning pranata wau lajêng dados pranatan praja, utawi paprentahan praja.

Na: Misesa utawi midana, sasipatanipun inggih adêging pangadilan, damêl wêwaton kukum ngadil, utawi kaprajuritan.

Ca: agama, têgêsipun panjênêngan nata, kawajiban anggêgêsang agama ingkang kasalira, sasipatanipun inggih pangadilan surambi.

--- 175 ---

Kawajiban lan pangawasa ingkang samantên agêngipun punika sampun têmtu kemawon botên sagêd kacakup panggalihanipun sang nata piyambak. Mila lajêng dipun wontênakên juru ngêmbat pangawasa wau, dipun wastani kanayakan cacahipun 8 dipun jênêngi wêwakiling nata, sinêbut warangkaning nata, inggih sang nindyamantri, utawi manawi jaman sapunika pêpatih dalêm.

Têturutan makatên punika, manawi kula botên kalèntu wiwit karaton ing Dêmak. Kanayakan 8: inggih para wali 8: jangkêpipun pêpetangan wali 9: inggih sêsêpuhipun wali, minôngka warangkaning nata, nalika jaman Dêmak kanayakanipun para wali wau agêng pangawasanipun. Jumênêngipun wiwit Sultan Dêmak sapisan (Radèn Patah), kaangkat dening kanayakanipun para wali, (stemming).

Nitik têtuladan ing nginggil punika sampun têtela bilih kanayakan wau agêng pangawasanipun, awit saking agênging pangawasa wau, mila inggih botên gampil pamilihipun.

2 = satriya.

Satriya punika sêsipatanipun, inggih putra santananing nata, kaparingan sêsêbutan 3 perangan: pangeran, arya, sarta panji, sadaya wau ingkang atêgês têtunggul. Inggih dados kêkêmbanging praja, mila para têtunggul wau dening sang nata lajêng kaparingan kawajiban.

Taksih wontên sambêtipun.

Isinipun Organ Punika:

1. Ariadi ... kaca 161 | 2. Santana dalêm lan-gêrèh, dalah turunan sêrat-sêrat prakawisipun R.M. Subrata ... kaca 162 | 3. Rukun santana dalêm ... kaca 164 | 4. Bab suwunan lilah pasang kijing sapanunggilanipun, wontên pasarean Lawiyan saha Ngèndhèn ... kaca 166 | 5. Sambêtipun bab têtanggêlanipun bapa dhatêng anak (turun) ... kaca 167 | 6. Pranatan ngabêktèn (cêkakan) ... kaca 173 | 7. Nata, satriya, kawula I ... kaca 174 | Pananggalan

--- [176] ---

'Januari 1938

[Grafik]