Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1938-02, #408

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1938, #408
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1938-01, #408. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #299.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1938-02, #408. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #527.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1938-03, #408 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #528.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1938-04, #408 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #529.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1938-05, #408 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #530.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1938-06/07, #408. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #531.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1938-08, #408. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #532.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1938-09, #408 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #533.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1938-10/11, #408. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #534.

Ôngka 2, Pèbruari 1938

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya Saha Wicaksana Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên sawulan sapisan, ing wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran - Surakarta. 353 ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO '38. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasradipraja, Kapatihan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Wara-wara

Nuwun, pangrèhing Narpawandawa ngaturi uninga, benjing wulan Sura taun Je 1870 ngajêng punika, jumênêngipun karaton dalêm ing Surakarta Adiningrat, jangkêp 200 taun. Manawi lastari wilujêng botên kirang satunggal punapa, pakêmpalan Narpawandawa nêdya badhe damêl pahargyan, putusanipun parêpatan pangrèh nalika tanggal kaping 20 Januari kapêngkêr punika, waragadipun pahargyan wau sarana urunan sakêdhik-sakêdhikipun f 1,- srupiyah (murih mayar kenging dipun cicil, kasèp- kasèpipun dumugi wulan Dhesèmbêr 1938 pundhat).

Ingkang punika sarèhning pahargyan milujêngi karaton dalêm wau, ugi nama prêlu, amila para putra santana dalêm sadaya, kasuwun kaparêngipun paring urunan kados ingkang [ing...]

--- 18 ---

[...kang] kasêbut ing nginggil. Tumrap ingkang sami dêdalêm ing salêbêting kitha Surakarta badhe lajêng dipun idêri lis, dene tumrap para putra santana dalêm ingkang dêdalêm ing sajawining kitha Surakarta, mugi kaparênga paring katrangan dhatêng pangrèh Narpawandawa pintên badhe kathahipun arta urunanipun, wondene kadospundi kawontênan tuwin lampah-lampahipun pahargyan, badhe kawara-warakakên samasa sampun cêlak kalihan prêlunipun. Wasana sadèrèng sasampunipun pangrèh Narpawandawa amung matur nuwun.

Kasêrat kaping 1 Pèbruari 1938.

Pangrèh.

Pakabaran Ingkang Gandhèng Kalihan Parluning Santana Dalêm

Sêrat kabar Darma Kôndha basa Jawi ingkang mêdal nalika kaping 18 Sawal Ehe 1868 ôngka 284 ngêwrat pakabaran, bab rêmbag badhe ngewahi sêtatsêblad, kados ing ngandhap punika:

Sawatawis dintên kapêngkêr punika kumisi wètgèping (Comm. wetgeving) karajan Jawi ing Ngayogyakarta, adamêl parêpatan, ngrêmbag ewah-ewahaning sêtatsêblad 1903 ôngka 8 inggih punika pangadilan ingkang wênang mariksa prakawisipun santananing nata Jawi, pranatan wau sampun asring dipun ewahi lan dipun wêwahi, ewasamantên taksih kenging dipun barobosi, tumrapipun tiyang ingkang kenging prakawis sambut- kapisambut.

Tiyang ingkang dede santananing nata, manawi kapêngkok ing prakawis sipil, pancènipun ingkang mariksa pangadilanipun kangjêng guprêmèn. Nanging lajêng dipun akali, emah-emah angsal santananing nata, supados prakawisipun wau kapariksa ing pangadilan dalêm.

Parêpatan wau ngrêmbag supados botên wontên kadadosan kados makatên malih, sarana badhe usul mêwahi suraosipun sêtatsêblad wau, ingkang wênang kapriksa prakawisipun wontên ing pangadilan dalêm, punika namung manawi anggènipun emah-emah wau sadèrèngipun kenging prakawis.

--- 19 ---

Manawi usulipun komisi wau katampèn ingkang wajib, kula rujuk, dening pangadilan santana dalêm utawi sanèsipun, badhe sagêd murni ingkang dipun priksa, sarta lajêng sagêd ngicalakên akal-akalan, ingkang wosipun damêl rèmèhipun santana dalêm, amila para wandawaning Narpa sayogi anggalih bab punika, mênggahing tuna bathinipun sumôngga.

Warga kawak

Têtêdhakan

Kêkancingan ôngka 1 C/4/I

Têranging sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha ingkang wicaksana kangjêng susuhunan.

Manira pêpatih karaton dalêm ing Surakarta Adiningrat. Angèstokake dhawuhing timbalan dalêm kamot ing nawala dalêm katitimasan kaping 13 Dulkangidah Ehe 1868.

Anggalih parlu andhawuhake tatanan sêsêbutane santana dalêm grad lima sarta santanane panggêdhening trah Mangkunagaran grad 4 kang suwita dadi abdi dalêm.

Ing samêngko andhawuhake kaya ing ngisor iki.

Bab 1

Santana dalêm grad lima saka panjênêngan dalêm nata ing Surakarta sarta sadurunge Surakarta, iku kawênangake nganggo sêsêbutan darah kaya ing ngisor iki:

Ha. Kang lanang: radèn mas.

Na: Kang wadon: radèn ajêng, yèn wus omah-omah: radèn ayu.

Bab 2

Santananing panggêdhening trah Mangkunagaran grad 4 iku yèn suwita ana ing karaton dalêm Surakarta kalastarèkake sêsêbutane, yaiku:

Ha: Kang lanang: radèn mas.

Na: Kang wadon: radèn ajêng, yèn wus omah-omah: radèn ayu.

Bab 3

Turunane kêkancingan iki kawara-warakake marang panggêdhe sarta kapacak ing

--- 20 ---

kabar paprentahan supaya kasumurupan sarta kanggo wêwaton ing saparlune.

Dhawuhing kêkancingan tanggal kaping 25 Januari 1938.

Pêpatih dalêm Kangjêng Pangeran Arya Adipati Wg. Jayanagara.

Noot. Para warga ingkang kalêrês santun sêsêbutanipun, dening wontênipun kêkancingan ing nginggil punika, kaparênga lajêng prasabên dhatêng panitra II. Red.

Bab Babêktèn

Turunan

Ôngka 25/14

Katur Kangjêng Radèn Mas Arya Wiryadiningrat.

Nuwun, nalika parêpatan pangrèh Narpawandawa tanggal kaping 20 Januari kapêngkêr punika, angrêmbag bab dhawuh nagari katitimangsan kaping 17 Januari 1938 ôngka 40 A/1/I kanthi turunan nawala dalêm, amarêngi ing dintên Sênèn tanggal kaping 9 Dulkangidah Ehe 1868. Prakawis sowanipun ngabêkti para abdi panèwu mantri wayah buyut canggah dalêm, kala ing dintên Kêmis tanggal kaping 6 ugi wulan Dulkangidah wau, andadosakên dêduka dalêm, jalaran salênggah dalêm ing sasana parasêdya, manawi miturut ungêling nawala dalêm wau, ingkang sami badhe sowan ngabêkti dèrèng sowan pêpak, ingkang makatên punika panggalih dalêm, nama botên sumungkêm ing panjênêngan dalêm nata, sarta botên tumêmên dhatêng wajibipun, wêkasan samangke kasuwak botên kaparêngakên ngabêkti.

Mênggah wantêring dhawuh timbalan kasêbut ing nginggil wau, para santana dalêm ingkang sami kataman, namung ngonjukakên panalangsaning manah, dening rumaos botên pisan-pisan nêdya botên sumungkêm ing panjênêngan dalêm nata, tuwin botên nêtêpi dhatêng ing kawajibanipun. Wondene wontênipun kala samantên sami botên majêng-majêng angabêkti ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha ingkang wicaksana kangjêng susuhunan, amargi miturut dhawuh majêngipun mawi kairit abdi [a...]

--- 21 ---

[...bdi] dalêm bupati, wêgdal samantên ingkang kalêrês ngirit, Kangjêng Radèn Mas Arya Wiryadiningrat, sarta adat ingkang sampun punika anggènipun sami majêng ngabêkti, manawi abdi dalêm bupati ingkang ngirit wau sampun sowan majêng ing ngarsa dalêm, môngka nalika samantên abdi dalêm bupati ingkang ngirit dèrèng katingal sowan wontên ing ngarsa dalêm, dados sadaya sami ajrih sowan majêng ngabêkti.

Awit saking punika, sarèhning dêduka dalêm kasêbut ing nawala dalêm wau, botên cocog kalihan yêktinipun, pangrèh Narpawandawa manah owêl sangêt, manawi raos nêdya sumungkêm ing ratu gustinipun punika kalajêng pêdhot dumugi samantên, amila pangrèh nyuwun ing kangjêng radèn mas arya, supados kaparêng rekadaya kadospundi kemawon, wontêna kaparêngipun karsa dalêm nglastarèkakên kalilanipun para santana dalêm ingkang sami dados abdi dalêm wau ngabêkti malih, sukur wêwah dumugi ingkang pangkat lurah saha jajar, tuwin ingkang kabêkta saking salakirabi, punika saya langkung prayogi, jalaran pangèsthinipun pangrèh Narpawandawa punika botên sanès inggih namung lastarinipun kaluhuran dalêm, tuwin sêtya sumungkêmipun para putra santana, abdi tuwin kawula dalêm sadaya, wontênipun bab punika sarupi dipun jibahakên kangjêng radèn mas arya, amargi wêkdal samantên ingkang dados sêsêpuhing pasowanan kangjêng radèn mas arya, dados kawontênanipun pasowanan nama dados têtanggêlanipun kangjêng radèn mas arya, amila anggènipun santana dalêm ingkang sami dados abdi dalêm botên rumaos lêpat ngantos tampi dêduka dalêm, punika ingkang sagêd nguningani inggih namung kangjêng radèn mas arya, salajêngipun ing ngarsa dalêm sagêd uninga bab punika, saha paring parimarma dhumatêng santana dalêm ingkang dados abdi dalêm, kaparêng ngabêkti malih. Sokur mindhak cacah kados suwunan kasbut ing nginggil, punika pangrèh Narpawandawa nyumanggakakên ing kangjêng radèn mas arya, saha nyuwun katrangan.

Katur kaping 27 Januari 1938.

Panitra: Wg. Purwasastra, Pangarsa: Wg. Suryadipura.

--- 22 ---

Wara-wara

Kula nuwun, awit saking namaning panitya Rukun Santana Dalêm ngaturi uninga, sarèhning arta pawitan satus rupiyah saking pakêmpalan Narpawandawa, sarta arta pasumbang saking para sêntana dalêm, botên sagêd nyêkapi kangge kabêtahanipun Rukun Santana, murih sagêd sae botên anguciwani, panitya badhe ngidêrakên celengan nyuwun darma sabên wulan, mênggah sêdya utawi ingkang sagêd nutupi kawirangan wau, panitya yakin tamtu badhe katampèn kalayan suka pirênaning panggalih.

Wiwit wulan Januari 1938 ngewahi sarta mêwahi kuwajibanipun panitya, Radèn Mas Darana sarta Radèn Mas Darciya sami majibi panitra, dene Radèn Mas Dêmang Tata Darmaja lêstantun panitya bageyan Sêrêngan.

Kaping 1 Pèbruari 1938.

Panitra: W.G. Darciya, Pangarsa: W.G. Natadilaga.

Pèngêtan Parêpatan Agêng Taunan, Nalika Kaping 21 Dhesèmbêr 1937

Sambêtipun organ ôngka 1

Sarampungipun maos palapuran taunan, artaka I (R.H. Mistêr Kartadipura) lajêng maos palapuran lêbêt wêdalipun arta kas Narpawandawa, ringkêsanipun kados ing ngandhap punika:

Palapuran lêbêt wêdalipun arta Narpawandawa, wiwit Januari dumugi Dhesèmbêr 1936 kados ngandhap punika.

[Grafik]

--- 23 ---

[Grafik]

--- 24 ---

Katrangan arta kêkantunan ing tutupipun wulan Dhesèmbêr 1936.

1. Warni-warni arta ing kas ... f 328,01 | 2. Andhil-andhil drikêre Budi Utama ... f 45,- | 3. Andhil-andhil Mardimulya ... f 200,- | 4. Andhil- andhil bôndha lumaksa ... f 2500,- | 5. Posparbang sèri B. No. 19197 ... f 922,75 | Gunggung ... f 3995,76.

Palapuran lêbêt wêdalipun arta Narpawandawa, wiwit wulan Januari dumugi Dhesèmbêr 1937, kados ngandhap punika.

[Grafik]

--- 25 ---

[Grafik]

Katrangan arta kêkantunan ing tutupipun wulan Dhesèmbêr 1937

1. Warni-warni arta ing kas ... f 633,64½ | 2. Andhil- andhil drikêre Budi Utama ... f 45,- | 3. Andhil-andhil Mardi Mulya ... f 200,- | 4. Andhil-andhil bôndha lumaksa ... f 2500,- | 5. Posparbang sèri B. No. 19197 ... f 835,87 | Gunggung ... f 4214,51½

Katrangan barang gadhahanipun Narpawandawa

1. Pandhêl, 2. Bênèt kangge panitra, 3. Pit 2 iji, kangge lopêripun panitra saha artaka II.

Artaka I. Kartadipura.

--- 26 ---

Satêlasipun maos palapuran arta, wakil pangarsa lajêng nawèkakên, sintên warga ingkang dipun pilih mariksa lêbêt wêdalipun arta wau, mupakatipun parêpatan ingkang katêtêpakên mariksa, 1. Rm. P. Natabaya, 2. Rm. Adiwardaya, 3. Sadhèrèk Sasrakusuma.

Wakil pangarsa nglajêngakên pangandika, wiwit kautus dhatêng nagari Walandi, B.K.P.H. Suryaamijaya mundhut lèrèh anggènipun ngasta pangarsa Narpawandawa, kabêkta saking pangrèh arungan pamanahan sanèsipun, dumugi sapriki pangarsa wau kalowongakên, dene tumindakipun ing damêl katuntun dening mudha pangarsa, sarèhning dalu punika nyarêngi parêpatan warga, wontên prayoginipun milih warga satunggal malih kangge jangkêpipun pangrèh dados 11, sasampunipun karêmbag sawatawis, putusanipun parêpatan rujuk dipun wontêni warga pangrèh satunggal malih, dene ingkang dipun pilih B.K.P.H. Mr. Jayakusuma, dados mudha pangarsa, wondene K.P.P. Suryadipura dados pangarsa.

Pangarsa ngandika, sarèhning pranatan baku dalah sacaranganipun punika sampun sawatawis lami botên kabangun, pamanggihipun pangrèh prayogi kabangun malih, têtêmbunganipun dipun laras, karuntutakên kawontênanipun ing wêkdal punika.

Rm. Sudarya mitêrangakên, kaparêngipun pangrèh ambangun pranatan baku dalah sacaranganipun, punika punapa pangrèh badhe ngewahi bakuning tujunipun Narpawandawa.

Pangarsa mangsuli botên nyantuni, ingkang dipun bangun punika namung têtêmbunganipun, utawi manawi wontên kêkiranganipun, supados dipun wêwahi.

Sasampunipun karêmbag sawatawis, parêpatan angrujuki dhatêng pamanggihipun pangrèh, lajêng nêtêpakên panitya 1. Rm.H.Mr. Kartadipura, 2. Rm.Ng. Sasradipraja, 3. Rm. Cakrapangarsa, 4. Rm.Ng. Puspapranata, 5. R. Mulyasubrata, kadospundi palapuranipun panitya wau, ing têmbe supados kawradinakên dhatêng para warga rumiyin, dados sagêd sami nyinau.

Rm. Sudarya pratela, bilih prêpatan dalu punika piyambakipun botên tampi sêdhahan saking pangrèh, sumêrêpipun Narpawandawa damêl parêpatan, maos ing sêrat kabar.

--- 27 ---

Panitra II ngaturi katrangan, sarèhning lampahing sêrat-sêrat sêdhahan punika dados wajibipun, tamtunipun inggih badhe kaurusakên dhatêng punggawanipun, namung manawi pratelanipun Rm. Sudarya wau lêrês kècèr sêrat sêdhahanipun, panitra II amung nyuwun maklum.

K.R.T.Mr. Wôngsanagara, kajawi ingkang kasêbut ing sêrat sêdhahan, punapa pangrèh botên kagungan rêmbag sanèsipun tumrap parluning santana dalêm.

Pangarsa mulya K.R.M.H. Wuryaningrat mangsuli, inggih lêrês, kala parêpatan pangrèh nêmbe kapêngkêr punika, angrêmbag bab pakabaran bilih wontên santana dalêm buyut, kenging prakawis wontên ing bawah guprêmenan dipun adili wontên ing landrad. Miturut pamanggihipun rad pan yustisi santana dalêm ingkang wontên sajawining bawah dalêm punika manawi kenging prakawis, pangadilanipun wontên ing rad pan yustisi, nanging pamanggihipun Hugêrèhop, santananing nata ingkang sampun seda, punika lêrês pangadilanipun wontên landrad. Sarèhning wontên pamanggih warni kalih, Narpawandawa lajêng badhe andhapuk panitya ingkang matitisakên prakawis wau, mangke kadospundi pinanggihing papriksanipun, lajêng karêmbag ing parêpatan mirunggan, manawi pikantukipun papriksan lêrês pamanggihipun Hoogerechtshof Narpawandawa badhe nyuwun lastarinipun kados lami, têgêsipun kasuwun dipun adili wontên ing rad pan yustisi.

Pangarsa nyambêti pangandika, sarèhning para warga sampun sami mirêng dhatêng andharan wau, punapa parêpatan rujuk andhapuk panitya rumiyin, manawi rujuk rancanganipun pangrèh ingkang kasuwun dados panitya 1. B.K.P.H.Mr. Jayakusuma, 2. K.R.T. Mr. Wôngsanagara, 3. Rm.H.Mr. Kartadipura, 4. R.T.Mr. Purbadipura, 5. Rm.Mr. Raspiya, 6. R.M.Ng. Sasradipraja, 7. Rm.Ng. Kartaastana. Parêpatan mupakat. Taksih wontên sambêtipun.

--- 28 ---

Alal Bikalal Dede Têmbung Arab

Nalika kula taksih dados warganing rad kawula, pinuju parêpatan marêngi tanggal kaping 2 Sawal, sadhatêng kula ing ngriku kula sigra-sigra murugi kônca bôngsa Arab, Sayid Muhamad Alatas, asuka "alal bikalal" grêbêg Siyam, anggèn kula ngucapakên kula pasèh-pasèhakên, rumaos kula ngantos sampun cèplês ulon Arab ingkang sawêg jlig saking nagarinipun, mirêng têmbung kula wau sanalika Sayid Alatas namung andomblong, sarêng sampun sawatawis mangsuli "Wat is dat?" sarèhning rumaos kula kirang cêtha anggèn kula ngucapakên, sarta bokmanawi kabarung swantên warni-warni, kula ambali ngantos kaping kalih, ulonipun (uitspraak) malah lajêng kula Jawèkakên, nanging Sayid mêksa botên mangrêtos, namung tansah "Wat is daat" kemawon, kawontênan makatên punika botên anèh bilih andadosakên sakalangkung gawoking manah kula, sarta para kônca Jawi ingkang sami manoni.

Botên sarônta kula lajêng tilpun dhatêng Tuwan Gobee ingkang putus dhatêng basa Arab, mratelakakên bab wau, wangsulanipun kalayan gumujêng: botên elok, jalaran punika pancèn dede têmbung Arab, bokmanawi tuwuhipun saking Jawi Têngah, tandhanipun ingkang wontên têmbung makatên wau inggih namung tanah Jawi Têngah sak pangetan, kilenan botên wontên, mila Sayid Alatas botên mangrêtos, jalaran tiyang Jawi Kilèn, manawi bôngsa Arab wetanan limrahipun mangrêtos pikajêngipun, labêt saking sêsrawunganipun kalihan tiyang Jawi, nanging ugi botên sumêrêp têgêsipun.

Sanès dintên kula mrêlokakên dhatêng kantoripun Tuwan Gobee amargi nalika wontên ing tilpun kula dèrèng dhong dhatêng wangsulanipun, kala samantên anggènipun manggihi kalihan ajungipun inggih punika Tuwan Dr. Pijper: kula ngambali bab wau, wangsulanipun sakalih- kalihipun sami kemawon, kados ingkang sampun: kuwi dudu Arab. Lan wong Arab ya mêsthi ora ngrêti, dene yèn alal bikalal kuwi dioncèki, sing ana kênyame Arab: kalal, kira-kira saka "chalal" têgêse: kêna, "geoorloofd" kosokbaline "charam" = ora kêna, ongeoorloofd: bi: têmbung Arab ora ana.

--- 29 ---

Pangintênipun para sarjana wau, alal bihalal punika damêlanipun tiyang Jawi ingkang sumagêd dhatêng basa Arab, lajêng anggathuk-gathukakên kalihan raos Jawi, kangge nyêkap bêtahipun. Upami samad-sinamadan, apura- ingapura, bêcik-binêcikan lan sasaminipun. Ananging sarèhne ingkang dipun mirêngi sawêg alal = kalal (amargi mungêl: ha, botên sagêd) kalal punika ingkang lajêng dipun rangkêp mawi dipun sêsêli panggandhèng - tusschenwoord-bi, dados alal bikalal = kalal-kalalan. Sarta kalal wau dipun têgêsi: ngapura, sasaminipun, Mlayu sarta Walandi dipun raosakên Jawi "saja poenja kerdja" = aku duwe gawe "ik loopen loopen = aku mlaku-mlaku, "ik zal zoo doen" = tak ngene, lan sasaminipun, nanging bedanipun satunggal-satunggaling têmbung Mlayu sarta Walandi wau wontên têgêsipun piyambak-piyambak.

Sanès wêkdal kula mrêlokakên manggihi têpangan kula bôngsa Arab pranakan ingkang sampun nate sinau wontên Mêkah ngantos 6 taun, prêlu pitakèn bab kasbut nginggil, ing pangintên rèhne mangêrtos basa Jawi tuwin putus basa Arab, bokmanawi sagêd ngludhangakên manah kula. Wasana wangsulanipun sami kemawon kalihan Tuwan Gobee kuwi dudu têmbung Arab lan ya ora ana têgêse babarpisan. Piyambakipun mangêrtos dhatêng pikajêngipun tiyang Jawi: apura-ingapura, punika saupami kabasakakên Arab ungêlipun: "chilali achilaq". Ewadene sajatosipun tiyang Arab inggih mêksa botên mangêrtos, jalaran punika sanès tatacara Arab, saminipun kula nglandèkakên: Rêbo Kliwon = woensdag onder regent utawi anjawèkakên: "hij heeft er een broertje aan dood" awake kêpatèn adhine lanang (awake sêngit bangêt) lan sasaminipun. Dados wosipun punika namung letterlijke vertaling ngipun: apura-ingapura.

Ingkang ing ngriki ugi asring kangge tur lugu Arab punika: silatulrahmi, saking têmbung-têmbung:

(Silat ... têgêsipun nyambung,

toel (al) ... têgêsipun ing

rachmi ... têgêsipun pasadherekan (saking Rachm = sadhèrèk),

punika tumrap sadaya tindak ingkang dumunung nyambêt pasadherekan = sih, kados [kado...]

--- 30 ---

[...s] ta: sônja-sinônja, sêrat-sinêratan, wèwèh-winèwèh sasaminipun, botên kangge ucap-ucapan, namung kangge anêgêsi tindaking tiyang kemawon.

Dene têtêmbunganipun bôngsa Arab amarêngi bakda ariadi, punika: minalaidin wafaizin" têgêsipun: mugi manggiha basuki. Nanging punika sampun awis-awis kangge, samangke ingkang kangge (modhèrên) "koel am waantoem bichairin" têgêsipun mugi sabên taun manggiha karaharjan. Sadaya wau manawi wontên klèntu utawi lêpatipun kaborongakên para maos, kula namung lugu nyariyosakên ingkang kula alami tur anjalari kalingsêman kula.

Ha.

Nata, Satriya, Kawula

Kêdah dados sêsangkulanipun Narpawandawa, dening S. Sasramijaya.

Irah-irahan ing nginggil punika, manawi katampèn saklebatan, sagêd dipun kintên-kintên Narpa, gadhah sêsanggèn ingkang sakalangkung awrat. Dening pamanahan tigang golongan, kêdah dados sêsangkulanipun. Sawênèhing pangintên punapa têmtu sagêd kacêkap. Punika inggih wontên lêrêsipun. Nanging manawi katandhêsakên kalihan raos ingkang lêbêt, bilih Narpawandawa sagêd nyakup utawi nyarambahi pandamêlan tigang parte wau, nama sawêg anglênggahi wajib, utawi samêsthinipun, dados inggih kagolong dede pandamêl ingkang awrat, ewadene ingkang langkung sayogi satunggal-satunggalipun êbab, badhe kula bèbèr wontên ing ngriki, ingkang supados sagêd dados panggigahing panggalihipun ingkang sami kawajiban, tundonipun lajêng sagêt anênangi raos kados ingkang kita kajêngakên, wondene jerenganipun kirang langkung kados ing ngandhap punika:

1. Panjênêngan nata punika kagungan kawajiban:

Ha: mranata kawontênanipun nagari sawêwêngkonipun, sasipataning pranata wau lajêng dados pranatan praja, utawi paprentahan praja.

Na: misesa, utawi midana, sasipatanipun inggih adêging pangadilan, damêl wêwaton kukum ngadil, utawi kaprajuritan.

Ca: agama, têgêsipun panjênêngan nata, kawajiban anggêgêsang agama ingkang kasalira, sasipatanipun inggih pangadilan surambi.

--- 31 ---

Kawajiban lan pangawasa ingkang samantên agêngipun punika, sampun têmtu kemawon botên sagêd kacakup panggalihanipun sang nata piyambak. Mila lajêng dipun wontênakên juru ngêmbat pangawasa wau, dipun wastani kanayakan cacahipun 8 dipun jênêngi wêwakiling nata, sinêbut warangkaning nata, inggih sang nindyamantri, utawi manawi jaman sapunika pêpatih dalêm.

Têturutan makatên punika, manawi kula botên kalèntu wiwit karaton ing Dêmak, kanayakan 8 inggih para wali 8, jangkêpipun pêpetangan wali 9, inggih sêsêpuhipun wali, minôngka warangkaning nata, nalika jaman Dêmak kanayakanipun para wali wau agêng pangawasanipun, jumênêngipun wiwit Sultan Dêmak sapisan (Radèn Patah) kaangkat dening kanayakanipun para wali (stemming).

Nitik têtuladan ing nginggil punika sampun têtela bilih kanayakan wau agêng pangawasanipun, awit saking agênging pangawasa wau, mila inggih botên gampil pamilihipun.

2. Satriya

Satriya punika sasipatanipun, inggih putra santananing nata, kaparingan sêsêbutan 3 perangan, pangeran, arya, sarta panji, sadaya wau ingkang atêgês têtunggul, inggih dados kakêmbanging praja, mila para têtunggul wau dening sang nata, lajêng kaparingan kawajiban. Taksih wontên sambêtipun.

Isinipun Organ punika:

1. Wara-wara pahargyan 200 taun ... kaca 17 | 2. Pakabaran ingkang gandhèng parluning santana ... kaca 18 | 3. Tatêdhakan kêkancingan sêsêbutan R.M.R.Adj, utawi R.Aj. tumrap santana dalêm grad V ... kaca 19 | 4. Turunan sêrat dhatêng K.R.M.H. Wiryadiningrat ... kaca 20 | 5. Wara-waranipun panitya Rukun Santana Dalêm ... kaca 22 | 6. Pèngêtan parêpatan agêng taunan ... kaca 22 | 7. Alal bikalal, dede têmbung Arab ... kaca 28 | 8. Nata, satriya, kawula ... kaca 30 | 9. Pananggalan ... kaca 32