Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1938-03, #408

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1938, #408
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1938-01, #408. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #299.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1938-02, #408. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #527.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1938-03, #408 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #528.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1938-04, #408 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #529.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1938-05, #408 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #530.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1938-06/07, #408. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #531.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1938-08, #408. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #532.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1938-09, #408 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #533.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1938-10/11, #408. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #534.

Ôngka 3, Marêt 1938

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya Saha Wicaksana Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên sawulan sapisan, ing wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran - Surakarta. 615 ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO '38. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasradipraja, Kapatihan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Pèngêtan Parêpatan Agêng Taunan, Nalika Tanggal Kaping 21 Dhesèmbêr 1937

Sambêtipun organ ôngka 2.

Sasampunipun nêtêpakên panitya kasêbut nginggil, pangarsa nglajêngakên rêmbag ingkang kawrat sêrat sêdhahan, lajêng ngacarani dhatêng warga ingkang badhe sêsorah, juru sabda I inggih punika R.Ng. Ônggapradata. Wangsulanipun: sarèhning ngêdalakên sêsorah piyambak dèrèng sagêd, punapa kaparêng sêsorahipun wau kawaos dening warga sanès (Rm. Sutapa Wanabaya) pangarsa mangsuli pakèwêd, amila lajêng ngacarani dhatêng K.R.T.Mr. Wôngsanagara (juru sabda II) supados ngandharakên sêsorahipun, wosipun kados ing ngandhap punika:

--- 34 ---

Ingkang rumiyin juru sabda nêrangakên, bilih sariranipun botên badhe sêsorah bab radhio rèhsêprak, dene ingkang dipun aturakên punika sanès, mligi bab radhio rèhsêprak gandhèng kalihan prakawisipun sadhèrèk Arkiman, nanging cak-cakanipun paprentahan sarta pangadilan. Wondene bab radhio rèhsêprak mangke inggih badhe dipun gêpok.

Wontên ingkang pitakèn, tandukipun parentah nagari Surakarta dhatêng bab gêndraning prakawis pajêg radhio wau kadospundi? Pitakenan punika mangke sagêd dipun wangsuli, manawi juru sabda sampun ngancik pungkasaning sêsorah.

Sakawit juru sabda nêrangakên bab pilahipun pangadilan lan paprentahan. Tumrap praja-praja ingkang sampun inggil tataraning kamajênganipun, wêwatoning andhapuk nagari, punika adhêdhasar teori ingkang dipun wastani trias politika (Trias-politica) teori"Trias-politica" punika sampun kathah ingkang anggiyarakên. Namung tumrap kawruh kaprajan, sumbêripun teori wau, sarta ingkang dipun anggêp dados bapa babuning pamanggih kasêbut, inggih punika sarjana-sarjana Parangakik, asma Montesguic (1689-1755) mênggah babaripun teori tri nitipraja, utawi "Trias-politica" wau, mila pangawasa sarta cak-cakanipun awarni tiga, inggih punika:

1. Juru anggêr Wetgevende macht. | 2. Ingkang nindakakên anggêr, Uitvoerende macht. | 3. Bêbadan pamancas Rechterlijke macht.

Satunggal-tunggalipun sami madêg piyambak-piyambak, botên dayan-dinayan. Cak-cakanipun beda-beda, satunggal-tunggaling pangawasa (macht) wau botên kenging purba-pinurba. Golongan pangrèh praja botên kenging nyampuri cak-cakaning golongan pangadilan, samantên ugi kosokwangsulipun inggih makatên.

Tumrap praja-praja ingkang sampun majêng, pancèn pilahing pangawasa punika sampun dipun akêni mênggah saenipun. Mênggahing panindak, pangrèh praja nyampuri pangadilan, punika pancèn botên sae. Tuladhanipun, ing Indhonesiah ngriki sadèrèngipun taun 1914 wontên bêbadan pangadilan nama politie-rol pangadilan punika ingkang nindakakên priyantun pangrèh praja (ass.res) tumindakipun (practisch) pancèn botên sae, awit sagêd nuwuhakên lêkas botên adil. Namung amargi [amar...]

--- 35 ---

[...gi] sêngit dhatêng satunggaling tiyang, pangagêng wau sagêd nyêrêg tiyang ingkang dipun sêngiti dhatêng pangadilan, ingkang campuritipun dipun asta piyambak dening pangagêng wau (politie-rol).

Sadèrèngipun taun 1789, inggih punika titimôngsa brontakan agêng ing Parangakik, paprentahan nyampuri pangadilan, para pangagêng tumindak sakarsanipun piyambak, gampil andhawahakên pidana dhatêng kawula. Sêrat dhawuh sacuwil kemawon, kêkudhung asmanipun panjênêngan dalêm nata, sampun sagêd nalikung tiyang ingkang lajêng dipun lêbêtakên dhatêng Bastille, inggih punika pakunjaran agêng ing nagari Parangakik, ingkang kajuwara dados papan nyingkirakên tiyang saking pasrawungan.

Ing jaman malaisê nêdhêng-nêdhêngipun bramantya, ngantos nuwuhakên tindak pangiridan, wontên lan-gêrèh ingkang dipun rangkêp pangagêng nagari (ass. res) makatên punika pancèn botên sae, mila inggih dipun akêni, bilih kawontênan wau namung kapêksa dening cuwaking rantaman waragad, ngantos numusakên pangiridan, ewadene kawontênan ingkang tuwuh awit saking kapêksa wau, cak-cakanipun inggih mêksa pilah.

Sarèhning pangadilan punika madêg piyambak, gadhah pamanggih sarta wawênang piyambak, mila pangadilan botên urut utawi botên sagêd dipun parentah kêdah manut pamanggihipun sanès. Sanadyan dhatêng pamanggihipun parentah pisan, pangadilan wênang nyulayani, samôngsa sulaya kalihan pamanggihipun pangadilan ing Eropah, pranatan nagari sagêd botên dipun akêni dening pangadilan, makatên ugi ing Amerikah.

Juru sabda ngaturakên têtuladan satunggaling kadadosan ing Amerikah, inggih punika tiyang anjarag damêl prakawis, prêlu mancing putusanipun pangadilan, lêkas punika kanamakakên tescase tèskis. Ing Amerikah wontên pranatan, namanipun V.R.A. pranatan punika mêngku dhatêng tumindakipun pakaryan, inggih punika, nata sarta ngawat-awati bab pandamêlanipun barang, sampun ngantos nuwuhakên overproductie (kêkathahên cawisan barang pajêngipun namung sakêdhik) epahan kuli (koeliloon) inggih dipun tata kawêngku ing pranatan wau. Wontên salah satunggaling nagari ing Amerikah ambadal dhatêng V.R.A. kamanah anyuda kamardikanipun pakaryan, kalampahan dados prakawis, karampunganipun sulaya.

--- 36 -- -

Pangadilan andhap nganggêp V.R.A. punika sampun sah, kosokwangsulipun pangadilan luhur nganggêp pranatan ing V.R.A. wau botên sah, awit sulaya kalihan baboning anggêr (Grondwet) ing taun 1935 parentah Amerikah piyambak nandukakên tescase wau. Karampunganipun pangadilan luhur botên ngêsahakên wontênipun pranatan V.R.A. dipun anggêp sulaya kalihan Grondwet karampungan punika dhawahipun kala ing wulan Sèptèmbêr 1935, awit saking punika V.R.A. wau prasasat dipun jugarakên dening Hof. Mila sanajan Wet V.R.A. wau sapriki inggih taksih wontên, nanging sakathahing pranatan ingkang mêngku dhatêng tumindakipun pakaryan, sami dipun icali, dipun unus wangsul.

Manawi katandhing kalihan kawontênan ing praja dalêm Surakarta, beda sangêt, amargi ing karajan Jawi wontên pranatan kalih, inggih punika pranatan Zelbestuur sarta pranatan Gouvernement, samantên ugi pangadilan inggih wontên kalih. Pangadilan umum ingkang katindakakên gupêrmèn, sarta kagungan dalêm pangadilan pradata, ingkang namung katumrapakên para putra santana dalêm, sarèhning wontên pranatan kalih, lajêng ingkang dipun angge ingkang pundi.

Manawi badhe ngupadosi bab punika, kêdah sumêrêp rumiyin dhatêng kontrak prajanjian dalêm, amargi kontrak punika ingkang dados bakunipun sadaya rêmbag utawi panaliti, inggih namung kanthi nyumêrêpi kontrak wau, têtiyang sawêg sagêd nalusur pundi pranatan ingkang dipun angge. Manawi botên mawi lambaran kontrak wau, tangèh sangêt sagêdipun nêtêpakên pamanggih. Pranatan guprêmèn, sadaya sêtatsêblad, punika wontên ingkang sampun sarêmbag kalihan paprentahan sakalihipun utawi kalihan panjênêngan dalêm nata. Mila manawi badhe nyumêrêpi pranatan ingkang kawrat ing sêtatsêblad wau, kêdah dipun tintingi rumiyin, punapa sampun sarêmbag punapa dèrèng.

Wêwênangipun pangadilan punika punapa?

1. Ngayomi pranatan, manawi wontên tiyang ingkang nêrak pranatan, dipun sêrêg dhatêng pangadilan.

2. Ngayomi tiyang, sampun ngantos kataman tindak botên adil.

Pangadilan ingkang taksih wontên, kados ingkang sampun dipun aturakên kala

--- 37 ---

wau, inggih punika kagungan dalêm pangadilan pradata agung, namung mligi kangge para wandawaning nata, bakunipun inggih kirang jangkêp, amargi kecalan wawênang kangge nêtêpi pranatanipun piyambak, mila adêgipun inggih nama kirang murni.

Dumugi samantên, juru sabda lajêng wiwit nêrangakên beda-bedaning karampungan pangadilan. Tumrap prakawisipun sadhèrèk Arkiman.

Pangadilan landrad ing Surakarta andhawahakên karampungan midana sadhèrèk Arkiman, dhêndha utawi paukuman badan, manawi botên sagêd bayar dhêndha, landrad mawi wêwaton kontrak prajanjian dalêm.

Pangadilan yustisi ing Sêmarang, nalika mriksa prakawis punika awit saking apèlipun sadhèrèk Arkiman, dipun bombong sadhèrèk Mr. Sastramulyana, babarpisan botên anggêpok bab kontrak prajanjian dalêm wau. Gêbaganipun yustisi inggih punika anggènipun bab pajêg radhio, punika botên kalêbêt ing pranatan dalêm. Awit saking punika, kawula botên kawajibakên sumêrêp dhatêng pranatan wau, awit botên kapacak ing rèiksêblad, mila kawula dalêm inggih botên kawajibakên kataman pranatan kasêbut ing nginggil.

Pangadilan luhur ing Jakarta wêwatonipun sami kalihan pangadilan landrad ing Surakarta. Sanadyan pranatan wau dèrèng kawrat wontên rèksêblad, nanging awêwaton kontrak prajanjian dalêm, pranatan wau dipun anggêp sampun sagêd katamakakên dhatêng kawula dalêm.

Apokat jendral ngatas dhatêng Hof (revisie) nyuwun supados bab wau dipun priksa malih (Leraun) karampungan revisie punika botên ngewahi putusan. Têgêsipun karampunganing pangadilan ingkang langkung andhap, botên ewah. Saupami benjing wontên lêlampahan kados makatên malih, landrad sagêd damêl putusan kados ingkang sampun, inggih punika andhawahakên pidana, kosokwangsulipun yustisi manawi nampèni apèl, inggih sagêd damêl karampungan kados ingkang sampun malih. Wontênipun makatên, awit kados ingkang sampun dipun aturakên kala wau, pangadilan punika madêg piyambak-piyambak, satunggaling bêbadan pangadilan botên sagêd dipun pêksa kêdah damêl putusan kados panganggêpipun pangadilan ingkang langkung inggil. Sagêdipun santun putusan, namung gumantung dhatêng pamanggihipun [pamang...]

--- 38 ---

[...gihipun] pêrsun, upami tiyangipun gantos, punika sagêd damêl putusan ingkang beda malih.

Kados sampun cêtha, bilih beda-bedaning putusan punika gumantung saking bumbu utawi prabotipun. Prabot wau sagêd pêpak utawi kirang, samantên ugi bumbu- bumbunipun botên mêsthi sami.

Dumugi samantên juru sabda rampung sêsorahipun, pangarsa lajêng nawèkakên dhatêng para warga, sintên ingkang badhe mitêrangakên, kaparênga ngandikakakên.

Pitakènipun Radèn Mas Arya Natadilaga, panjênênganipun mirêng, bilih nagari badhe angsal têtêmpah, arta krupyuk saking Nirom, kathahipun f 135.000 punapa bab punika, juru sabda sagêd nêrangakên mênggah lêrês lan botênipun.

Katranganipun Wôngsanagaran, bab punika sariranipun botên mirêng. Ewadene manawi lêrês wontên ada makatên, pamanggihipun juru sabda inggih sagêd kemawon.

Pitakènipun Radèn Mas Ngabèi Cakrapangarsa. Nyuwunakên katrangan, kados pundi lênggahipun prakawisipun sadhèrèk Arkiman. Awit dumugi titimôngsa ing dalu wau, sadhèrèk Arkiman têka botên dipun punapak-punapakakên. Dipun tagih dhêndhanipun botên, dipun kèn nglampahi paukuman badan inggih botên, punapa ebra?

Wôngsanagaran mangsuli: bab punika sagêd ugi ebra. Ing Eropah inggih wontên prakawis ingkang tundonipun inggih dados ebra. Wontênipun makatên, awit karampunganipun pangadilan landrad ing Surakarta dipun jugarakên pangadilan yustisi ing Samarang, wondene bab pamanggihipun Hop, punika ngengingi lêlajênganipun sarta bab wau kados ingkang sampun dipun aturakên, botên nama ngewahi putusanipun yustisi, namung mriksa malih (herzien).

Pitakènipun Kangjêng Radèn Mas Arya Wuryaningrat, kenging kaprinci tigang bab, kados ingkang kasêbut ing ngandhap punika:

1. Sanadyan wontên trias politika (Trias politica) ewadene anggêr-anggêr wêwaton sasaminipun namung satunggal. Dados manawi wêwaton wau sampun cêtha, kadospundi têka wontên beda-beda panindakipun.

--- 39 ---

2. Hoogerechtshof anggènipun nolak putusanipun yustisi, dipun cariyosakên wêwaton kontrak prajanjian dalêm, kontrak punika kontrak ingkang pundi sarta ungêl-ungêlanipun kadospundi, kajawi punika, punapa inggih sampun lêrês ta: sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha ingkang wicaksana kangjêng susuhunan, ngrujuki kaparêngipun guprêmèn wau (bab nglumuntakakên wawênang radhio ing karajan Surakarta).

3. Sadaya ingkang dèrèng wontên pranatanipun, punika pamirêngipun ingkang pitakèn, pangadilan pancènipun botên kenging mutusi. Mila kadospundi lênggahipun, ing bab prakawis pajêg radhio wau Huhgêrèhsêhop sagêd mutusi. Tumrap bab ingkang dèrèng wontên pranatan dalêm, wontên pranatan guprêmèn, dipun êcakakên, nanging ingkang sampun sarêmbag kalihan parentah Jawi.

Manawi bab pajêg radhio wau dipun anggêp pranatan guprêmèn ingkang sampun kacondhongan, mêsthi tumindaking karajan Jawi, botên susah mawi sinêbut. Wus mupakat sarta kaêcakake, ugi panjênêngan dalêm nata botên mawi andhawuhakên, ingkang makatên wau, tumrap têtiyang ing Surakarta ribêt sangêt, amargi botên sumêrêp yêktos, pundi pranatanipun guprêmèn ingkang dipun êcakakên (katumrapakên kawula dalêm) tuwin ingkang botên, namung kêdah nglampahi patrapan, botên sadhiya barang-barang.

Waluyanipun Wôngsanagaran. Lêrês bilih paugêranipun wêwaton punika namung satunggal. Nanging pamanggihipun tiyang botên sagêd sami. Awit wontênipun beda-bedaning pamanggih wau, mila cak-cakanipun sagêd botên sami. Kajawi punika, tumrap paprentahan praja, pancèn inggih dèrèng sagêd nyakup sadaya tindak-tandukipun tiyang.

Bab putusanipun Hop (Hof) sarèhning Hop wau sampun dipun wênangakên, mila putusanipun kêdah dipun anggêp lêrês.

Tuladhanipun: prakawis warisan, kala rumiyin ingkang mutus rad agami. Sapunika ingkang kawênangakên mriksa sarta mutus: pangadilan landrad. Sagêd kemawon putusan landrad punika dèrèng tamtu cocog kalihan wêwaton utawi pamanggihipun rad agami adhêdhasar kawruh agami. Nanging sarèhning landrad sampun dipun wênangakên, mila putusanipun kêdah dipun anggêp lêrês.

--- 40 ---

Saya tumrap ing karajan Jawi, awit paprentahan lan pangadilanipun botên namung satunggal.

Dumugi jam 11,55 parêpatan katutup, wilujêng.

Pahargyanipun Para Warèng Dalêm

Nalika ing dintên Sêtu sontên kaping 12 Pèbruari kapêngkêr punika, para warèng dalêm sawatawis adamêl pahargyan, manggèn ing griyanipun Radèn Mas Ngabèi Prawiradipraja (Kapatihan Kilèn) wigatosing karya: ngluhurakên asma dalêm, anggèning sami kapatêdhan sêsêbutan dados radèn mas, radèn ajêng utawi radèn ayu, kawrat ing kêkancinganipun pêpatih dalêm, katitimasan kaping 25 Januari 1938 ôngka 1 C/4/I ingkang andhatêngi watawis sadhèrèk 150 kakung putri, mawi dipun èstrèni wakil utusanipun pakêmpalan Narpawandawa 1. R.M.Ng. Purwasastra, 2. R.M.Ng. Wiraatmaja. Pahargyan wau kawiwitan jam 8 sontên langkung 10 mênit, pangajênging pahargyan amêdhar sabda mratelakakên parlu-parluning pahargyan, kasambêtan pamêdhar sabdanipun Radèn Mas Ngabèi Dutadilaga, mêwahi katrangan purwakaning pangajênging pahargyan wau, lajêng wakil Narpawandawa R.M.Ng. Purwasastra amêdhar sabda kados ing ngandhap punika:

Kula nuwun, sasampunipun kula mirêngakên purwakanipun pangajênging pahargyan, kula wakilipun pakêmpalan Narpawandawa, kapatah mahyakakên wêlinganipun pangrèh.

Sapisan, pangrèh Narpawandawa sakalangkung nuwun, kasêdhahan ngèstrèni pahargyan dalu punika, kaping kalihipun, ugi suka sukur ing Pangeran, dene panjênêngan sadaya punika sampun kapatêdhan sêsêbutan dados radèn mas utawi radèn ayu, amila ing dalu punika kaparêng damêl pahargyan, minôngka ngluhurakên asma dalêm. Sanadyan bakuning sêdya angluhurakên punika tamtu isi pikajêngan ingkang prayogi, nanging mênggahing kayakinanipun pangrèh Narpawandawa, sarananing ngluhurakên asma dalêm wau, botên namung cêkap sinungga-sungga, kinurmatan, sasaminipun, kados kawontênan ing dalu punika, nanging ingkang langkung prêlu panjênêngan sadaya kêdah tansah ngèngêti, yèn wiwit samangke ingakên santana dalêm, ingkang atêgês saya rinakêtakên kalihan panjênêngan dalêm nata, dados tamtunipun sugêng panjênêngan [panjê...]

--- 41 ---

[...nêngan] wontên ing dalêm gêsang bêbrayan, botên ketang saglugud pinara sasra, badhe mindhak ingaosan. Lajêng kosokwangsulipun, panjênêngan sadaya masthi badhe mindhak kawajiban, amargi gumêlaring donya punika kinanthenan kodrat kalih warni, ingkang botên nate pisah sarta botên kenging dipun selaki, inggih punika: wênang + wajib. Têrangipun makatên: wêwênanging santana punika kenging nyuwun dipun luhurakên, nyuwun dipun mulyakakên, dening ingkang jumênêng nata, nanging wajibipun ugi kêdah rumêksa lan anjagi rahayu tuwin widadaning karaton dalêm, saha ingkang jumênêng nata, inggih dede sajatining santana, yèn ta botên nêtêpi kawajiban wau.

Awit saking punika, sarèhning samangke ingkang jumênêng nata sampun nêtêpi kawajibanipun, paring kaluhuran dhatêng panjênêngan sadaya, kaparêng nginggahakên sêsêbutanipun dados radèn mas, utawi radèn ayu, amila panuwun pangajêng-ajêngipun pangrèh Narpawandawa, panjênêngan sadaya sagêda nêbusi: sih dalêm wau, sarana nêtêpi kawajibaning santana.

Sadhèrèk, panjênêngan sampun sami klèntu ing panampi, kadospundi dene Narpawandawa punika kenging kawastanan pakêmpalan: golongan (Vak) nanging têka ugi purun campur pulitik. Kauningana, Narpawandawa punika pakêmpalanipun para putra santana dalêm. Para putra santana wau wontênipun saking panjênêngan dalêm nata (ratu) nata punika amêngku praja, dados kenging dipun wastani bêbadan politik, dening adêgipun praja punika politik, ing môngka jêjêr sêdyanipun Narpawandawa punika anjagi wilujênging panjênêngan dalêm nata, karaton saha nagarinipun, amila Narpawandawa botên sagêd nilar politik, nanging inggih namung ingkang gandhèng kalihan prêluning prajanipun. Awit saking makatên baku sêdyanipun Narpawandawa, dados ugêr wontên ewah-ewahan, utawi kawontênanipun praja, ingkang botên sakeca karaosakên, langkung malih ingkang sanès masthinipun, kados ta: bab ewah-ewahan sêsêbutan darahing aluhur, kados ingkang nêmbe karêmbag gobyog punika, tuwin sanès-sanèsipun, tumrap Narpawandawa botên sagêd bilih namung mèndêl kemawon, dados kêdah purun anglêrêsakên pundi barang ingkang bengkong, sabab dening rumaos kawajiban.

--- 42 ---

Amila paribasanipun tiyang kina: sanadyan akuthah ludira atakêr marus kêdah linampahan sarta ingandhêman. Wontênipun Narpawandawa gadhah tekad makatên wau, botên sanès inggih namung anggèning nêdya ngrungkêbi kawajiban, dening rumaos kaayoman, tuwin pinaringan kaluhuran kalihan ingkang jumênêng nata, awit warsitanipun sarjana, nistha-nisthaning manungsa punika yèn anyelaki dhatêng kawajibanipun.

Sadhèrèk, minôngka tutuping atur kula, pangrèh Narpawandawa amêmuji, mugi Gusti Allah angabulna dhatêng khajad kita, angluhurakên asma dalêm sang nata, mulya karaton Surakarta, widada nir sambekala.

Satêlasing sêsorahipun wakil Narpawandawa, para sadhèrèk sawatawis sami manêmbrama, kados ing ngandhap punika:

[Kinanthi]

berawèng tyas dêrêng darung / rongèh lir tan silastuti / lir manggya sotya saarga / derantuk nugrahèng gusti / wandawèng nata grad lima / jinunjung sêbutan èdi //

radèn mas kalamun jalu / radèn ajêng yèn pawèstri / radèn ayu yèn wus krama / kamantyan anggung pinundhi / sihnya kangjêng sri narendra / mimbuhi bagyaning dhiri //

kalok kaloka linangkung / sampeyan dalêm sang aji / kang wicaksana minulya / kaping sadasa mandhiri / gung mêmayu hayuning rat / sabawana maratani //

pra raja akèh misungsung / bintang luhung mracihnani / marma sumôngga sarêngan / mangastawa manganjali / lulus luhura sri nata / sakalihan pramèswari //

dirgèng yuswa bagya agung / wimbuha kuncarèng aji / tumêrah môngka musthika / karaton Surakarta di / wandawa dasih kawula / lulus bagya rêncana nir //

titi pudyastawèng wadu / sinidyana ing Hyang Widhi / nujwari lèking raditya / dwi wêlas Bêsar marêngi / taun Ehe sinangkalan / murti ngrasa ngèsthi gusti //Sengkalan: murti ngrasa ngèsthi gusti (1868 A.J., 1938/37 A.D.).

Sabibaripun panêmbrama lajêng lêlangên, joged Bondhan, wirèng Srikandhi-Larasati, sumbangan saking pakêmpalan: Rukun Agawe Santosa (R.A.S.) Gathutkaca gandrung, tuwin Pênthul kalihan Têmbêm, pungkasanipun ringgit anggambyong, ngantos mèh dumugi jam 2 dalu, sawêg bibaran.

Yèn ingakên santana, aywa sumantana.

Wulang kina.

--- 43 ---

Katrangan

Kula nuwun, sawêdalipun côndrawarti Narpawandawa ôngka 2 ing kaca 19 lajêng anuwuhakên pitakenan warni-warni dhatêng panitra II, jalaran saking pangênut kula wontên ing sangandhapipun kêkancingan nagari, bab tatanan sêsêbutan anyar tumrap santana dalêm warèng (grad V) sasaminipun. Ingkang makatên wau sampun layak kemawon, sabab dening sêsêbutan: radèn mas, radèn ajêng utawi radèn ayu, punika tumrap para ingkang sami wajib nampèni, sampun dangu anggènipun angajêng-ajêng dhumawuhipun, amila sarêng kalampahan kadhawuhakên, bêtah-bêtah ingkang suwau tansah kabuntêl, lajêng kalairakên brol, ingkang cêpak sarta ingkang kakintên sagêd nadhahi utawi suka katrangan, panjênênganipun panitra II, nanging jêbul sami kacelik, amargi sabên dipun têdhani katrangan, wangsulanipun namung: sabar rumiyin, ngêntosi tatanan nagari kadospundi, inggih tatanan wau ingkang kenging kangge wêwaton, sarèhning ingkang damêl unar wau kula, amila kula wawibwajib. ingkang ngaturi katrangan pikajêngipun nut kula wau, kados ing ngandhap punika:

Kasêbut ing kêkancingan anyar (kaping 25 Januari 1938 ôngka 1 C/4/II) punika mratelakakên, samangke para santana dalêm grad V (warèng) sasaminipun, sami kawênangakên ngangge sêsêbutan: radèn mas, sapiturutipun. Kawontênanipun warga Narpawandawa punika warni-warni gradipun, tumrap ingkang grad IV minggah, sampun sagêd cêtha, dening sami dados warga baku, nanging sarêng warga ingkang kabêkta saking salakirabi utawi warga ardana donateur tumrap panitra II prasajanipun kirang cêtha, amargi sasêbutanipun ingkang suwau namung radèn. Môngka panitra II punika kawajiban nyêpêng buku pratelan asma namanipun para warga Narpawandawa, dados sontan-santuning asma, sêsêbutan, tuwin dalêmipun para warga, punika panitra II wajib dipun prasabêni, manawi botên kaparêng mrasabêni saèstunipun panitra II botên sumêrêp, dados buku pèngêtanipun inggih badhe botên ewah, bilih botên wontên prêlunipun punika inggih botên dados punapa, nanging manawi kapêngkok ing prêlu punika nama kuciwa utawi sagêd ugi dados sabab, dening pèngêtanipun pangrèh botên cêtha. Kados samangke sampun têrang pikajêngipun nut kula ing organ ôngka 2 wau, amung tumrap para warga Narpawandawa ingkang

--- 44 ---

kêlêrês santun sêsêbutanipun nêtêpi kêkancingan anyar, tamtunipun manawi ngintunakên prasabênan inggih kêdah mawi katrangan aluranipun ingkang andarahakên. Sawênèhing warga wontên ingkang nyamarakên, mangke gèk wontên ingkang damêl katrangan ingkang botên salêrêsipun (amblibuk) lah punika sanès têtanggêlanipun ingkang tampi prasabênan, sarta sampun wontên kukumipun piyambak, punapa malih tumrap para warganing Narpawandawa punika kêdah kenging dipun pitados. Wondene bab lampah-lampah sarta wragadipun nyuwun ampilan pikêkah kadarahan wau, lajêng anêtêpana suraosing kêkancingan nagari, turunanipun kados ing ngandhap punika:

Turunan kêkancingan ôngka 3 C/3/II

Manira pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, sawuse angèngêti kêkancingan nagara katitimasan kaping 25 Januari 1938, ôngka 1 C/4/I kapacak ing layang kabar paprentahan katitimangsan kaping 1 Pèbruari 1938 ôngka 3. Samêngko kaparêng anamtokake sakabèhe kang awêwaton kêkancingan manira mau padha nyuwun sasêbutan radèn mas, wragad sarta laku-lakune kayadene nyuwun sasêbutan radèn, kamot kêkancingan nagara katitimasan kaping 12 Agustus 1931 ôngka 35 C/I/1 kapacak layang kabar paprentahan katitimasan kaping 15 Agustus 1931 ôngka 16 kaca 145.§ Mênggah wosing suraosipun kêkancingan wau, ingkang maringi sêrat katrangan punika pangagêng kantor kapatihan golongan C1 sarta tumrap ingkang sami nyuwun kêdah ngladosakên arta f 1.- kangge lintuning waragad panyêratan sapanunggilanipun, kajawi waragadipun sègêl. Rêdhaktur Narpawandawa Purwasastra.

Kêkancingan iki turunane kawaratakake marang para panggêdhe sarta kapacak ing layang kabar paprentahan, supaya kasumurupan ing akèh sarta kanggo waton ing saparlune.

Dhawuhing kêkancingan tanggal kaping 19 Pèbruari 1938.

Pêpatih dalêm

Kangjêng Pangeran Arya Adipati Wg. Jayanagara.

--- 45 ---

Sabibaring Pêpanggihan, Mirêngakên Sêsorahipun Sadhèrèk Dhoktêr Sutama, Lajêng Akêmbul Bujana Wontên ing Abipraya, Minôngka Supêkêting Pasadherekan, Kacêtha Wontên ing Gambar Ngandhap Punika:

[Grafik]

Dr.Sutama kalihan R.M.H. Pringgawinata, wakil pangarsa Narpawandawa, sami ngadêg.

Warga pangrèh Narpawandawa ingkang sami kêmbul bujana, 1. R.M.H. Cakrawinata, 2. R.M.Ng. Sasradipraja, 3. R.M.H. Mr. Kartadipura, 4. R.M.Ng. Wiraatmaja, 5. R.M.Ng. Purwasastra. Tamu sanèsipun 1. M. Suteja (pangarsa Parindra pang Surakarta), 2. R.M. Sutapa Wanabaya, 3. R. Ruslan Wôngsakusuma, sarta sadhèrèk Winarna (juru ngarang Tempo).

--- 46 ---

Suwaking Ngabêktèn

Ing organ Narpawandawa ôngka 2 Pèbruari 1938. Kula maos sêratipun pangrèhing Narpawandawa, ingkang katur Kangjêng Radèn Mas Arya Wiryadiningrat, bab nawala dalêm ingkang andhawuhakên suwaking ngabêktèn para santana dalêm ingkang dados abdi dalêm, sanalika manah kula kêraos cumalêkut sangêt, amargi sabotên- botênipun, kula nuwun amit sèwu, la tiyang inggih taksih nunggil darah, kadosa pundi kemawon, mêsthi tumut karaos, mila sanadyan gêsang kula wau dados tiyang ingkang sakêlangkung têrina, nanging sabab nunggil darah wau, kula mêksa nglairakên saraosing manah kadospundi anggènipun mastani kula namung sumôngga, pokok angiyatakên sêratipun pangrèhing Narpawandawa, amargi bab punika manawia ngantos kalajêng putung yêktos, kajawi gênging kapitunan kita saumumipun, mendah anggènipun suka-parisuka para ambêg dudu.

Kula nuwun, kajawi kangjêng radèn mas arya kasêbut nginggil, panyuwun kula ugi nêmpuhakên, wontêna kêparêng dalêm bandara kangjêng pangeran putra dalêm sadaya, Kangjêng Pangeran Arya Adipati Jayanagara saha Kangjêng Radèn Mas Tumênggung Widaningrat, kadospundi kemawon rekadayanipun, sagêdipun dêduka dalêm wau tumuntên lilih, kula namung sumôngga.

Atur kula dhumatêng ingkang sami kêtaman dêduka dalêm, inggih têka kasinggihan, manawi dipun tampi kalayan cêkak, tamtu inggih botên kirang saking lêmês, la sintên tiyangipun, punika pancèn, namung sadèrèng sasampunipun langkung rumiyin kapitadosan kula ingkang kula acungakên, mênggah sadaya dêduka dalêm wau, kêdah dipun tampi adhêdhasar raos kêbatinan, dening para wandawa dalêm saumumipun, sabab inggih dêduka dalêm wau, kita sadaya badhe manggih kamulyan, manawi wontên ingkang botên ngrumaosi tampi nugraha, botên sande namung badhe dados gêdibaling setan, [seta...]

--- 47 ---

[...n,] punapa kita rêmên manawi brusahan, kintên kula mêsthi botênipun, la punapa kita badhe kawon gagah, kalihan kêgagahanipun dênawa cakil, môngka miturut kojahipun ki dhalang, Sang Senapati Gêndir Pênjalin, sabên jêdhul ngabyantara ratunipun, aturipun ingkang dipun cêcadhang, botên kok nyuwun ganjaran, nanging cumadhong dhawuh dêduka, dipun utusa ...

Kula nuwun, atur kula ing nginggil punika, kula botên badhe ngupados pêndhok lan gêthing dhatêng sintên kemawon, nanging lugu anjagi sampun ngantos wontên kadadosan ingkang damêl kapitunan kita sadaya, amargi kuwatosing manah kula, adat ingkang sampun kalampahan, sabên wontên clumik sakêdhik kemawon lajêng dipun wiyar-wiyarakên, tur ingkang sêtêmênipun tindak makatên wau nama bunuh dhiri, mila murih wilujêng kalis ing sambekala, kukuh bakuh mulyaning praja dalêm sakukubanipun sadaya, sumôngga sami sêsarêngan dipun suwun kalihan ingkang Murbèng Gêsang, dêduka dalêm wau tumuntêna lilih, sugêng panjang yuswa lan luhuring ratu gusti kita.

Si unyik Cakrapangarsa.

Isinipun Organ punika

1. Pèngêtan parêpatan agêng taunan ... kaca 33 | 2. Pahargyanipun para warèng dalêm ... kaca 40 | 3. Katrangan saking rêdhaktur N.W ... kaca 43 | 4. Kêmbul bujana (mawi gambar) ... kaca 45 | 5. Suwaking ngabêktèn ... kaca 46 | 6. Pananggalan