Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1938-05, #408

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1938, #408
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1938-01, #408. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #299.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1938-02, #408. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #527.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1938-03, #408 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #528.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1938-04, #408 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #529.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1938-05, #408 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #530.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1938-06/07, #408. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #531.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1938-08, #408. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #532.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1938-09, #408 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #533.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1938-10/11, #408. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #534.

Ôngka 5, Mèi 1938

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya Saha Wicaksana Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên sawulan sapisan, ing wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran - Surakarta. 1189 ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO '38. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasradipraja, Kapatihan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Bab Sêsêbutan

Turunan

Ôngka 54/28.

Sêrat paturanipun pangrèh Narpawandawa, katur wadananing putra santana dalêm têngên saha kiwa.

Kula nuwun, nalika ing dintên Jumungah sontên tanggal kaping 25 wulan Marêt taun punika, pangrèhipun pakêmpalan Narpawandawa parêpatan wontên ing griyanipun pangarsa, angrêmbag sêrat paturanipun pangrèh Narpawandawa, katitimasan kaping 19 Oktobêr 1937, ôngka 116/648, sakanthinipun, bab anggèning kangjêng guprêmèn badhe ngunjuki uninga, ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha ingkang wicaksana kangjêng susuhunan, angrêmbag prakawis sêsêbutanipun para darah dalêm.

--- 66 ---

Awit saking punika sarèhning rêmbag kasêbut ing nginggil wau, sampun sawatawis dangu, kadospundi putusanipun, utawi kawontênanipun rêmbag punika, pangrèh Narpawandawa nyuwun cumadhong ing timbalan dalêm, prêlu badhe kangge suka sumêrêp dhatêng para warganipun wontên ing parêpatan agêng mirunggan ngajêng punika.

Nuwun, mênggah punika salajêngipun konjuk ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha ingkang wicaksana kangjêng susuhunan, pangrèh Narpawandawa nyumanggakakên wadananing putra santana dalêm têngên saha kiwa.

Katur tanggal kaping 4 April 1938.

Pangarsa: Wg. Suryadipura. Panitra: Wg. Purwasastra.

Sampun cocog.

Sumantri.

Bab Santana Dalêm Warèng

Turunan

Ôngka 55/29.

Sêrat paturanipun pangrèh Narpawandawa, katur wadananing putra santana dalêm têngên saha kiwa.

Kula nuwun, kasêbut sêrat kêkancinganipun pêpatih dalêm, katitimasan kaping 25 Januari 1938 ôngka 1 C/4/II samangke para warêng dalêm sami kagêlêngakên santana dalêm, amila lajêng kawênangakên ngangge sêsêbutan radèn mas, radèn ajêng, utawi radèn ayu, punika pangrèh Narpawandawa angunjukakên gênging panuwun pamundhinipun, konjuk ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha ingkang wicaksana kangjêng susuhunan, dene sampun amarêngakên paring inggahing sêsêbutanipun para warèng dalêm wau. Amung sarêng pangrèh Narpawandawa nyumêrêpi sêrat kêkancinganipun pêpatih dalêm, katitimasan kaping 19 Pèbruari 1938, ôngka 3 C/3/II anamtokakên waragad sarta lampah-lampahipun suwunan sêsêbutan radèn mas, radèn ajêng, utawi radèn ayu, taksih kagêlêngakên kadosdene suwunan sêsêbutan radèn, kawrat [ka...]

--- 67 ---

[...wrat] ing sêrat kêkancingan katitimasan kaping 12 Agustus 1931, ôngka 35 C/1/I makatên punika pamanahipun pangrèh Narpawandawa botên turut kalihan kaparêngipun karsa dalêm angakên santana dhumatêng para warèng dalêm wau.

Awit saking punika, sarèhning bakunipun kaparênging karsa dalêm, para warèng punika samangke kalêbêtakên golonganing santana dalêm, amila runtutipun lampahing suwunanipun pikêkah inggih mêdal kawêdanan putra santana dalêm, dalah wragad-wragadipun, punapa malih wawênangipun kalilan ngangge kandêlan kêmalo abrit, nyakolahakên anakipun wontên ing kagungan dalêm pamulangan Kasatriyan utawi Pamardi Putri, tuwin sasaminipun, ugi kasuwun dhumawuhipun, kadosdene para santana dalêm canggah, mênggah punika salajêngipun konjuk kauninganipun ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha ingkang wicaksana kangjêng susuhunan, pangrèh Narpawandawa anyumanggakakên wadananing putra santana dalêm têngên saha kiwa, saha nyuwun cumadhong dhawuh.

Katur tanggal kaping 4 April 1938.

Pangarsa: W.g. Suryadipura. Panitra: W.g. Purwasastra.

Sampun cocog.

Sumantri

Bab Sêsêbutanipun Darah Dalêm

Turunan

Ôngka 62/33

Sêrat paturanipun pakêmpalan Narpawandawa, katur ing pêpatih dalêm.

Kula nuwun, nalika parêpatan pangrèh ing dintên Kêmis sontên tanggal kaping 14 April punika, angrêmbag bab sêratipun sawênèhing darah dalêm, ingkang gêgriya ing tanah guprêmenan, nama R. Kuswadiharja, prakawis sêsêbutaning anak-anakipun [anak-anaki...]

--- 68 ---

[...pun] botên kalastarèkakên dening tuwan guprênur ing Sêmarang, kados ingkang kawrat turunan sêrat katur asarêng punika.

Angèngêti suraosing sêratipun tuwan adpisir purinlansê sakên, katitimasan kaping 17 Sèptèmbêr 1937 ôngka 1353 /Tt.-II ingkang turunanipun ugi katur asarêng punika,§ Turunanipun sampun kawrat ing organ ôngka 11 kaca 152. Red. wosipun wontênipun kêkancingan guprêmèn katitimasan kaping 30 Sèptèmbêr 1936 ôngka 31 punika botên angewahakên sadaya wêwênang panganggenipun sêsêbutan radèn, ingkang kaparingakên sadèrèngipun kêkancingan wau dhumawuh.

Awit saking punika kênthêling rêmbagipun para pangrèh ing dalu wau, pakêmpalan Narpawandawa nyuwun têtêpipun suraosing sêrat wangsulan saking tuwan adpisir purinlansê sakên wau, saha tumrap para darah dalêm saumumipun, ingkang sami gêgriya ing tanah guprêmenan, ingkang sampun angsal sêrat katrangan saking nagari dalêm Surakarta, sanadyan kêkancingan ôngka 31 wau sampun dhumawuh, ugi kasuwun têtêpipun kaanggêp sah, dening para pangagêng ingkang ambawahakên padununganipun, mênggah punika pangrèh Narpawandawa anyumanggakakên ing pêpatih dalêm, saha nyuwun dhawuh.

Katur tanggal kaping 28 April 1938.

Pangarsa: Wg. Suryadipura. Panitra: Wg. Purwasastra.

Sampun cocog: Sumantri.

Turunan

Pêkalongan 18 Nopèmbêr 1937.

Punika sêrat mugi konjuk pangagênging pakêm Tidak perlu dibaca. pakêmpalan darah dalêm (Narpawandawa) ing Surakarta Adiningrat.

Nuwun, wiyosipun, anak-anak kula sampun pikantuk palilah sarana sêrat kêkancingan saking pangagênging kantor Kapatihan Surakarta ngriki golongan

--- 69 ---

C taksih gadhahan sêsêbutan radèn, talêran saking biyungipun dhawah 8 grad saking Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun P.B.II. punapadene ugi sampun pikantuk piagêm santana Mangkunagaran, dhawah 7 grad saking K.G.P.H.A.M.I. (Sambêrnyawan) kula nyuwun pitulung supados anak-anak kula wontên ing guprêmenan sagêda ngangge sêsêbutanipun radèn wau, jalaran anak kula ingkang sampun nyambut damêl dados asistèn wadana wontên ing Pulosari kabupatèn Pêmalang, sampun nyuwun dhatêng K.T. Guprênur Sêmarang supados bêslitipun kagantos mawi sêsêbutan radèn, botên dipun paringi idi, dumèh sampun 8 grad tuwin 7 grad. Môngka sadèrèngipun bêslit G.G. tanggal 30/9-36 No 31 punika wontên, anak kula sampun angsal kêkancingan sarana sègêl, tuwin sampun nyuwun kagantos. Punapa punika botên nama ngrèmèhakên dhatêng ingkang paring kêkancingan tuwin ...

Wasana kula muhung nyuwun sih pitulungan dalêm para pangagênging pakêmpalan darah dalêm (Narpawandawa) kabulipun kasêbut ing nginggil.

Kula pun W.G. Kuswadiharja.

1. Sêrat kêkancingan saking Kapatihan katitimangsan 17/6 36 No.291 C/3/II.

2. Sêrat piagêm santana Mangkunagaran katitimasan 8/5 35.

Turunan

Sêratipun pinisêpuh kantor kawadanan putra santana dalêm têngên, katur ing kantor C/3/II.

Nuwun, miturut dhawuh kêkancingan nagari, katitimasan kaping 19 Pèbruari 1938 ôngka 3 C/3/II, bab sêsêbutan radèn mas, radèn ayu, tumrap santana dalêm grad V manawi nyuwun sêratipun pikukuh wragad sarta lampah-lampahipun kadosdene nyuwun sêsêbutan radèn, kawrat kêkancingan nagari, katitimasan [katiti...]

--- 70 ---

[...masan] kaping 12 Agustus 1931 ôngka 35 C 1/II ing mangke kantor kawadanan putra santana dalêm têngên, nyuwun sasêrêpan.

1. Santana dalêm grad V ingkang sampun angsal cacêpêngan sêrat katrangan radèn saking nagari, manawi nyuwun sêrat pikukuh sasêbutan radèn mas, sarèhning nalika nyuwun sêrat katrangan sasêbutan radèn, sampun ngaturakên waragad f 1.- punapa inggih taksih kapundhutan arta waragad malih, sêratipun paturan punapa kenging kasêrat sanès dalancang sègêl.

2. Santana dalêm grad V ingkang dèrèng angsal sêrat katrangan sasêbutan radèn saking nagari, manawi nyuwun sasêbutan radèn mas, sêratipun paturan punapa inggih kenging kasêrat sanès dalancang sègêl.

Katur kaping 22 Marêt 1938.

W.G. Sasrasaputra.

Ôngka 422 C/3/II

Turunan

Bab Radèn Mas Warèng (Grad 5)

Sêrat saking pinisêpuhing kantor C/3/II, katur pinisêpuh kantor kawadanan putra santana dalêm têngên.

Nuwun, sêrat ijêngandika katitimasan kaping 22 Marêt 1938 ôngka 26/18 K.T. sampun kula tampèni saha punapa suraosipun kula sampun mangêrtos, mila ngaturi katrangan kados ing ngandhap punika:

Ha: santana warèng dalêm ingkang sampun gadhah pêrklarêng sasêbutan radèn saking nagari, manawi nyuwun pikêkah radèn mas, sanadyan rumiyinipun sampun nate ngaturakên waragad f 1,- ananging wêwaton kêkancingan nagari kaping 19 Pèbruari 1938 ôngka 3C/3/II ugi kêdah ngaturakên waragad, amung saking kamirahanipun nagari, waragad wau kaparingan longgaran amung f 0,50.

--- 71 -- -

Na: panyuwunan pikukuh radèn mas warèng, manawi tiyangipun ingkang nyuwun purun sowan piyambak dhatêng nagari persoonlijk kaparêng botên kasêrat wontên ing dlancang sègêl.

Ingkang punika kula sumôngga.

Katur kaping 20 April 1938.

Wg. Sasrasuwignya.

Ingkang nêdhak: Sastraprasaja.

Pratelan Lêbêt Wêdalipun Arta Narpawandawa Januari - Marêt 1938

Januari 1938

[Grafik]

--- 72 ---

[Grafik]

--- 73 ---

[Grafik]

--- 74 ---

[Grafik]

Surakarta kaping 16 April 1938

Artaka I Narpawandawa, Kartadipura.

Wara-wara Pamulangan Taun 1938

Kumisi kagungan dalêm pamulangan Kasatriyan ngaturi uninga, lêbêtan taun punika kagungan dalêm pamulangan Pamardi Siwi nampèni murid enggal kangge Voorklas.

Ing kagungan dalêm pamulangan Kasatriyan sarta Pamardi Putri namung nampèni kangge anjangkêpi sakirangipun cacahing murid saklas-klasipun, dene anggèning kumisi nampèni rare-rare ingkang badhe sinau katata kados ing ngandhap punika.

Pamardi Siwi

Putra wayah sarta buyut dalêm, ing dintên Sênèn kaping 13 Juni 1938 wiwit jam 9 dumugi jam 11 siyang.

Canggah sarta warèng dalêm, ing dintên Salasa kaping 14 Juni 1938, wiwit jam 9 dumugi jam 11 siyang.

Anaking abdi dalêm mantri sasaminipun sapanginggil, ing dintên Rêbo kaping 15 Juni 1938 wiwit jam 9 dumugi jam 11 siyang.

Kasatriyan

Ing dintên Sênèn kaping 20 Juni 1938, wiwit jam 9 dumugi jam 12 siyang.

--- 75 ---

Pamardi Putri

Ing dintên Salasa kaping 21 Juni 1938, wiwit jam 9 dumugi jam 12 siyang.

Amila para putra santana sarta abdi dalêm ingkang sumêdya anglêbêtakên putra utawi anakipun, sakêdhik-kêdhikipun kirang tigang dasa dintên saking titimasa panampining murid, supados angaturakên suwunan dhatêng kumisi kanthi ampilanipun sêrat pikukuh, sêrat tôndha cacaran, sarta turunan biji raporêt ingkang kantun piyambak saking guruning rare. Sadaya wau ingkang anaking santana dalêm canggah utawi anaking abdi dalêm kêdah mawi katêmênakên dening abdi dalêm pangrèh praja ingkang ambawahakên, kajawi ingkang sampun anggadhahi pikukuh, pikukuhipun kêdah kaladosakên.

Ing dintên sarta wanci ingkang sampun katamtokakên wau rare ingkang kasuwunakên sinau supados dhatêng pamulangan, parlu badhe nampèni katrangan saking abdi dalêm kapala guru.

Manawi anggèning ngaturakên suwunan botên nêtêpi wara-wara punika, sagêd botên dipun tampèni, sarta suwunan wau supados mawi katêrangakên, alamat saha kampung pundi ingkang dipun dalêmi utawi dipun ênggèni.

Kaping 20 April 1938.

Wisesa: Kusumabrata

Wacaka: Jayadiningrat

Grayah-grayah

Manawi botên lêpat anggèn kita grayah-grayah, sajêgipun manungsa punika sagêdipun namung tansah grayah-grayah, bêgja-bêgjanipun namung tansah dipun apusi ing raos-rumaosipun piyambak.

Têrangipun manawi grayah-grayah, upami badhe mipik motor, sadèrèngipun kalampahan tumbas, langkung rumiyin tamtu tansah dipun gogas-gègès, mèrêk lan wangun ingkang kados punapa ingkang langkung jêmpol piyambak, manawi sampun kalampahan tumbas, nadyan dèrèng marêm, (kajawi ing donya pancèn botên wontên pêmarêm) ewadene [e...]

--- 76 ---

[...wadene] sampun kadugi ngalêmbana mênggahing kapenginan lan ngêpriting dhatêng inggah-inggahan, makatên sapiturutipun sami nyêkungakên darbèkipun piyambak-piyambak.

Dados gunggung kêprukipun, tiyang sajagad punika, pundi ingkang dipun condhongi, panganggêpipun tamtu inggih sae lan lêrês, mila inggih botên anèh, manawi kêprêgok anggènipun sami ambujêng lêrês, sok dipun rencangi brêkênêngan yêktos, malah manawi dumunungipun brêkênêngan wau wontên nagari ingkang sami bawa piyambak, sok abên goco barang.

Atur kula, sokur ta sokur, dene pêrgrakan awak panatik ngêkahi lêrêsipun piyambak-piyambak sampun kakubur, sapunika ingkang wontên namung kantun bêrkobaripun pêrsatuan, ngangkah mulyaning bôngsa dalah wutah rah.

Ingkang pêrlu tansah dados pamanahan kita saumumipun, inggih punika jagading paguron, padhukunan, tirakat nênêpi sasaminipun, ingkang kawontênanipun saya tambah bêrkobar-kobar.

Wontênipun kula sangsangakên wontên ing organ, punika botên kok kula badhe ngongasakên punjuling kasagêdan lan badhe mêmulang, nanging lugu badhe gêgulang gêsanging raos, amargi puluh anggadhahana titêl sajagad abuh pisan, manawi raosipun botên gêsang, sampun tamtu kemawon inggih lajêng babarpisan tanpa guna ingatasipun kangge mulyakakên masarakat.

Kula nuwun, para ingkang sami ngudi kawruh kêbatinan, utawi inggih ing umumipun dipun wastani ngèlmu kasampurnan, sabagean agêng emanipun, manawi wontên ngajêngipun kyai (kawêjang) botên purun pitakèn ingkang mangrêtos yêktos, nadyan panampinipun taksih pêtêng, ewadene jawabipun namung inggih utawi iya, tur mawi mèsêm-mèsêm sajak sampun sumêrêp ing êsit, saantukipun dumugi ing griya, kojahipun galur tanpa pêdhot, manawi nuju gêgrombolan ngêdalakên kontonipun sual jawab, nyariyosakên anggènipun mêntas lêledhang ing swargan, sarta sanès-sanèsipun bangsaning ingkang damêl gawok lan bingung, manawi sampun ragi angsal pêngaruh, ngingah jinggot lampah lênjuk, jumênêng guru kasampurnan.

Cobi para lunggaring panggalih, mênggah kêdadosan ingkang dumadosipun saking pêpêtêng wau, tumangkaripun punapa botên saya pêtêng dhêdhêt lêlimêngan, môngka

--- 77 ---

gèk sampun pintên atus taun kemawon tangkar-tumangkaripun, mila inggih botên têka anèh upamia kawontênanipun saya tambah liwung.

Ingkang rêmên madhukun nêdha palarisan, nêdha pangasihan sasamènipun, sadèrèngipun nêmbung ingkang dados ajadipun, langkung rumiyin pitadosipun dinèkèk ngayun, mila sarêng dipun sukani sarat, nadyan namung dipun pêndhêtakên sakacêpêngipun kemawon, ewadene sampun karaos marêm lan kêkandhut mêthithil, sadumugining griya tansah angangên-angên dhawahing kabêjan, nadyan kawontênanipun suwung gamplung tanpa woh, ewadene kadugi ngongasakên kakêsdikan lan mandi ing japa- japunipun.

Hara ta, tindak ingkang namung sakacêpêngipun dipun lajêng-lajêngakên, gèk sampun putra wayah pintên kemawon, mila inggih botên anèh upamia sabên pakampungan lan dhusun-adhusun botên kirang sajinah ingkang jumênêng dhukun ujar pang ... goroh ... an.

Para ingkang bêgrak andon lêlana nênêpi sasamènipun, emanipun manawi sampun dumugi papan ingkang dipun tuju, lajêng namung nêdha eca gojegan sarta ... hêm manawi wontên ingkang radi nêtêpi ancasipun, saking grantêsing panyuwun ngantos kalajêng ngorok.

Antukipun dumugi griya tilêm sadintên muput, wungu sare mundhut sêgêr-sêgêr, kojahipun dipun yêktosakên, cariyos manawi tampi wisik cêtha wela-wela, dipun panggihi Sinuhun Kali, dipun kosodi bahne macan, lan sanès-sanèsipun, bangsaning damêl giris lan mênarik, kintên kadadosan makatên punika sampun pintên èkêt windu kemawon, mila inggih botên anèh, upamia warung malêm pindhah panggenan sêpi lan ing guwa-guwa, bêjanipun hotèl gandhulan ... kemawon.

Saking pamanggih kula, sanadyan sadaya bab sami sae lan lêrês, petangan larasaning pangudi nama taksih agêng kapitunanipun, sabab manawi ngangsu kawruh botên kaparêng ngoncèki kalayan jêlas, nanging namung gugu lan mituhu, inggih sintêna kemawon ingatasipun ngudi kawruh, manawi namung salugu lan mituhu, tamtu botên badhe angsal bêbathèn miraos, nanging malah sagêd ugi kêcêmplung sagantên, klèlèt punika nyata.

--- 78 ---

Sagêd ugi atur kula bab gugon-tuhon wontên ingkang paring pangandika. Genea wong liya seje bôngsa kok ya ana sing gugon-tuhon. Atur jawab kula, o nun, bok inggih sampun kêsangêtên anggènipun kêsèt lan mlêmpêm, la tiyang niru kemawon kok niru kapitunanipun, la bok inggih niru kawantêranipun, niru putusing samubarang karya, niru kacrêdhikanipun ulah kaprajan, manawi ngrika-ngrika sanggêm, wontên punapa kita ... botên sagêd.

Para lêluhur ingkang sampun swarga botên kirang-kirang anggènipun paring piwulang sae, kados ta: bêlo mèlu sêton sasaminipun, ewadene gêndera gugon-tuhon taksih bêrkobar ing pundi-pundi panggenan, sampun pintên milyun rupiyah ingkang dados kurbaning gugon-tuhon, malah botên namung ngêmungakên arta bôndha kemawon, dalah jiwa raga lan angên-angên ugi katut dados kurban, samantên nasib ingkang sawêg apês, samobah-mosikipun namung tansah dados rabuking karibêtan.

Grêg, gabuk aos, lêrês utawi lêpat, kula kêpêksa ngaturakên wohing grayah-grayah adhêdhasar gêsanging raos, urip makatên obah, makarti, mêmikir, urip rasane, sabotên-botênipun manawi gêsang raosipun, tamtu botên badhe gampil dipun angge dolanan dening angên- angên bobrok pindha rêsi, pikiran bêjad pindha panuntun, la wala kuwata.

Cakrapangarsa

Panalôngsa, Urun Pamanggih, sangking Jawi Garis

Sadèrèngipun kula nglairakên raosing manah, langkung rumiyin ngaturi katrangan pangênutipun rama rêdhaktur ing côndrawarti Narpawandawa wulan April 1938 ôngka 4 kaca 60, kula botên sagêd ngaturi kadospundi rekanipun, kula rumaos bilih panyêrat kula wau kêlacutên, dhapur cumanthaka, wasana sumôngga ing pakêmpalan kita Narpawandawa, tuwin ingkang wajib anggalih. Parlu ingkang kula aturakên, sarêng dhumawuhing tatanan anyar santana dalêm grad V lajêng wontên suwantên ingkang kirang sakeca kapirêngakên. Tur pancèn sampun ngadat, sabên wontên kaanan enggal, adhakan anggonjingakên bawana, sawangan pêtêng lêlimêngan. Amung ingkang dados panalangsaning manah kula wau, ya talah, dene jamanipun sampun padhang sumrawang, sampun kathah para sarjana mandhap sangking kayangan, kalamôngsa asring wontên [wontê...]

--- 79 ---

[...n] pidhato-pidhato ingkang gamblang, têka taksih wontên kadosdene môngsa rêndhêng, gumrujug glêgar-glêgêr, bok inggih dipun pênggalih langkung tandhês rumiyin, sintên baya ingkang kataman + ingkang ngêndika = nadyan kula sampun nama sajawining garis, rèhning taksih rumaos kalunturan sih kamirahan dalêm, nata ingkang minulya saha ingkang wicaksana, tumindakipun babagan santana dalêm, amila kapêksa tumut ngêdalakên pamanggih sagaduging manah.

1. Èngêt babat pêcahing tanah Jawi labêt sangking kirang rukun.

2. Pêcahing praja-praja agêng ugi sangking kirang rukun. Dados baku ingkang prayogi punika: rukun. Rèhning sampun sami kalunturan sih kamirahan ing panjênêngan dalêm nata ingakên santana, lajêng angangkaha kados kaparêngipun sang rahadi, dening S.Tj.S. ing côndrawarti wêdalipun wulan April 1938 ôngka 4, sokur lajêng sagêd anêtêpi nyantosakakên, botênipun sangking sakêdhik ugêr sampun kêrsa ngangkah rumiyin, tamtu isining panggalih, mêmoyok, nyêmoni enz lajêng sirna, margi ingkang kêncêng, rajin, aspalan. Cêkakipun sarwa komplit, sampun cumawis, inggih punika pakêmpalan kita Narpawandawa ingkang tansah tumanggap sakridhaning warga, tuwin mangèsthi mêmayu hayuning praja saisinipun, kenging kangge margi manginggil, manêngah, mangandhap. Ugêr botên nêrak anggêr-anggêr tuwin awisaning nagari, sumôngga para wadu wandawaning nata lajêng tumindak kadospundi miturut sakaconggahipun piyambak. Wasana tutuping atur kula nyuwun gênging pangapuntên. Kula mêmuji, sang rahadi, trahing kusuma, rêmbêsing madu, ngèsthi tama, ambêg rahayu, dening S.Tj.S. tumuntên kabula, lajêng mêsanggrahan ing dalêm sanubari.

Darah kaswargan Darmasucitra.

Pratelan Isining Organ punika

1. Turunan sêrat paturan ôngka 54/28 bab sêsêbutan ... 65 | 2. Turunan sêrat paturan ôngka 55/29 bab santana dalêm warèng ... 66 | 3. Turunan sêrat paturan ôngka 62/33 bab sêsêbutanipun darah dalêm ... 67 | 4. Turunan sêratipun sadhèrèk Kuswadiharja ... 68 | 5. Turunan sêrat bab lampahipun nyuwun sêsêbutan R.M. dalah wangsulanipun ... 69 | 6. Lêbêt wêdalipun arta kas, Januari -Marêt 1938 ... 71 | 7. Grayah-grayah ... 75 | 8. Panalôngsa, urun pamanggih saking jawi risgaris. ... 78 | 9. Pananggalan