Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1938-06/07, #408

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1938, #408
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1938-01, #408. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #299.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1938-02, #408. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #527.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1938-03, #408 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #528.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1938-04, #408 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #529.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1938-05, #408 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #530.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1938-06/07, #408. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #531.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1938-08, #408. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #532.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1938-09, #408 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #533.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1938-10/11, #408. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #534.

Ôngka 6-7, Juni-Juli 1938

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya Saha Wicaksana Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên sawulan sapisan, ing wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran - Surakarta. 1848 ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO '38. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasradipraja, Têgalnawanta, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Kasèp Wêdalipun

Nuwun, mugi andadosakên kauninganipun para warga, wêdalipun organ punika kasèp, amargi rêdhaksi sawêg kapambêng nindakakên pandamêlan ingkang langkung prêlu, wasana mugi sampun kirang ing pamêngku.

Rêdhaksi Narpawandawa

Cap asma dalêm

Turunan

Dhawuh Pangandika Dalêm

Ingkang dhihin salam ingsun, dhawuha marang sira Pangeran Angabèi, wadananing putra santananingsun têngên, Pangeran Arya Kusumayuda, wadananing putra santananingsun kiwa.

--- 82 ---

Kapindhone, layang aturira katitimasan tanggal kaping 25 sasi Sapar taun iki, ôngka 61/16, sakanthine uwis ingsun uningani, anggone pangrèhing pakumpulan Narpawandawa nyuwun dhawuh timbalaningsun kapriye karampungane utawa kaanane rêmbug bab sêsêbutan para darahe panjênêngan nata, prêlu kanggo awèh wêruh marang para warganing pakumpulan Narpawandawa, iku tumêka saiki durung ana karampungane, dene kaananing rêmbug, sawise ana kêkancingane kangjêng gupêrmèn katitimasan kaping 30 Sèptèmbêr 1936 ôngka 31. Banjur ana aturira ngunjukake ature pakumpulan Narpawandawa kanthi mosi kang katêtêpake nalika parêpatan kaping 9 April 1937, kabèh mau ingsun paringake marang bapa tuwan gupêrnur, sarta ingsun nyuwun ing kangjêng gupêrmèn kang wose uga kaya karêpe mosi mau, ananging saprene bapa tuwan gupêrnur durung ngaturi wangsulan, sarta uwis banjur ingsun enggalake. Kang iku banjur dhawuhna marang pangrèhing pakumpulan Narpawandawa saprêlune supaya sumurup.

Dhawuhing timbalan dalêm, ing dintên Sênèn tanggal kaping 7 wulan Rabingulakir, ing taun Jimawal angkaning warsa 1869.

Bab pamaringipun pikêkah darah dalêm, ôngka 73/43.

Turunan

Sêrat paturanipun pangrèh Narpawandawa, katur ing pêpatih dalêm.

Kula nuwun, sasampunipun wontên dhawuh kêkancingan nagari katitimasan kaping 25 Marêt 1931 ôngka 33 C/1/I bab sêsêbutanipun para darah dalêm nata, wiwit grad VI sapangandhap, run-tumurun sami kaparêngakên ngangge sêsêbutan radèn, mênggahing pamirêngipun pangrèh andadosakên agêng bingahing manahipun para darah dalêm saumumipun, dening têbih cêlak nama sami angsal ancêr sêsêbutan darah dalêm. Amila para darah ingkang sami gêgriya ing dhusun-adhusun, langkung malih tumrap ingkang sami dêdunung ing sajawining praja Kajawèn, sami karaya-raya mrika-mriki ngupados sêsêrêpan aluraning lêluhuripun, prêlu kangge nyuwun ampilan pikêkah kadarahan, amung emanipun prakawis punika lajêng wontên ingkang

--- 83 ---

sawarni dados pangupajiwaning tiyang, sarana nêdhani pituwas arta, ingkang botên sakêdhik petangipun, dhatêng ingkang ambêtahakên pikukuh kadarahan wau, sarta danguning dangu pamirêngipun pangrèh Narpawandawa, lajêng botên rêsik pamriksanipun, satêmah mahanani wontên darahing panjênêngan dalêm nata ingkang botên samasthinipun, wêkasan lajêng angêsorakên kaluhuran dalêm.

Awit saking punika mênggahing pamanggihipun Narpawandawa, murih bab lampahing suwunan pikêkah kadarahan wau botên lajêng sawarni dados pangupajiwanipun tiyang, Narpawandawa amrayogèkakên: nagari kaparênga andhawuhakên malih ingkang sagêd waradin, kadospundi lampah-lampah tuwin pintên waragadipun tiyang ingkang badhe nyuwun ampilan kadarahan wau, manawi nagari sampun kalampahan paring dhawuh kados pamanggih kasêbut ing nginggil, Narpawandawa ugi badhe andhèrèk biyantu mradinakên, dhatêng para santana tuwin para darah dalêm saumumipun. Wondene tumrap bab kadospundi murih sagêdipun rêsik tumindaking pamaringipun sêrat ampilan pikêkah wau, kasumanggakakên panggalihanipun nagari.

Katur kaping 18 Juni 1938.

Panitra: Wg. Purwasastra. Pangarsa: Wg. Suryadipura

Palapuran Pagêrjèn Taun 1937

Katur pangarsaning pakêmpalan Narpawandawa

Nuwun, asarêng punika pangrèh pagêrjèn Narpawandawa ngaturakên sêtat pêpetangan tuna lan bathinipun pagêrjèn, ingkang katindakakên salêbêtipun taun 1937 cacah 6 lêmbar,§ Kabêkta kiranging papan, sêtat-sêtat kanthining sêrat punika botên kapacak ing ngriki, dene para warga manawi badhe nguningani prayogi rawuh dhatêng ing griyanipun panitra II. Red. wondene mênggah pamanggèn saha pasewanipun taksih ajêg wontên ing kampung Tamtaman. Salêbêting taun 1937 miturut pêpetangan namung sagêd angsal bêbathèn f 43,72 dados bêbathèn kalihan ing taun kapêngkêr kirang f 127,- f 43,72 = f 83,28 kabêkta saking padamêlan ingkang katampi namung sakêdhik, punapa malih [ma...]

--- 84 ---

[...lih] gandhèngipun kalihan padamêlan ingkang saking parentah karaton lajêng kasuwak, botên kaparingakên dhatêng para anèmêr malih, lajêng anjalari sudaning bêbathèn wau, wondene saldho tutuping taun 1936 wujud arta kontan wontên.

f 363,195

Arta lumêbêt salêbêtipun taun 1937 f 906,895

Gunggung f 1270,09

Arta mêdal f 959,73

Saldho pungkasaning taun 1937 f 310,355

Rèkêning saking para lêngganan ingkang dèrèng lunas 49 = f 214,23

Barang-barang simpênan toko pangaos f 27,36

Inpêntaris (pangaosipun namung kapetang 50%) f 218,165

Kapital ingkang lumampah wontên f 551,945

Dados sadaya wujudipun kapital ing wêkdal punika wontên f 551,945+ f 218,165 = f 770,11

Mênggah punika mugi andadosakên ing kauningan.

Katur kaping 10 Juni 1938.

Pangarsa. Wg. Jayadiningrat.

Panitra, Wg. Wignyamargana

Bab Panggêsanganipun Santana Dalêm

Nuwun, sadèrèngipun kula nglairakên pamanggih, bokbilih mangke wontên têtêmbungan ingkang ragi laduk, mugi sami angêgungna pangaksama.

Rèhne sampun têtela mênggah kautamènipun pangrèh kita Narpawandawa, anggènipun tansah anggalih dhatêng para santana tuwin kaparêng tumut angrêmbag kawontênanipun praja dalêm, murih widada saha luhuring karaton dalêm, malah ngantos dumugi samangke saya katingal anggènipun ngayomi dhatêng sadhèrèk kita santana dalêm, katitik saking [sa...]

--- 85 ---

[...king] para grad V sampun sami kawênangakên ngangge sasêbutan radèn mas, radèn ajêng of radèn ayu, ingkang punika botên sanès namung saking dayanipun pangrèh kita Narpawandawa, awit saking punika kula gadhah panuwun mugi sampun katanggêlan anggènipun pangrèh kita mêmayu rahayuning santana dalêm, inggih punika sampun ngêmungakên sasêbutanipun grad V kemawon, nanging mugi kaparênga anggalih panggêsanganipun santana dalêm, ingkang botên sagêd angsal padamêlan Jawi, dados saupami wontên santana dalêm ingkang nyuwun padamêlan ingkang sakintên sagêd nocogi kalihan kawontênanipun, punika sasagêd-sagêd supados katampi, manawi botên makatên tamtu tansah kêsuk ing sanèsipun, wasana atur kula wau mugi wontêna panggalihanipun pangrèh kita, kadospundi kemawon rekadayanipun.

Wiradipraja.

Warni- warni

Benjing adêgipun karaton dalêm ing Surakarta jangkêp kalih atus taun, gêdêring pawartos ingkang kula mirêngi badhe mawi pasamuwan agêng-agêngan, manawi kabar wau kapara yêktos, nadyan ingkang wajib tamtu botên kêkilapan, malah sagêd ugi sampun rampung sadayanipun, ewadene gabug aos kula mêksa cumanthaka ngaturakên pamanggih.

Sarèhning kalih atus taun punika dede petangan ingkang namung sakêdhik, upami ingkang wajib kêparêng anggalih damêl tugu pangèngêt-èngêt, saking pamanggih kula bokmanawi langkung prayogi sangêt, cobi kula manggih cathêtan, sampun tamtu kemawon dipun pêtha punapa atur kula namung sumôngga (ingkang sajakipun ragi mathuk kalihan jêjêripun upami kapêndhêtakên candranipun nagari Surakarta ingkang ungêlipun, kutha Surakarta, prawira mukti wibawa.

Mênggah pêntingipun prawira mukti wibawa, kintên kula para nupiksa langkung malih ingkang wajib botên badhe rangu-rangu, ewadene inggih borong.

Putri Narpawandawa

Manawi kula ngemuti pakêmpalan Putri Narpawandawa, anggènipun sarwa cekat-cèkêt [ceka...]

--- 86 ---

[...t-cèkêt] rampung, nadyan inggih dèrèng satus prêsèn, ewadene kula botên rikah-rikuh anggèn kula badhe nglairakên gêmbiraning manah kanthi angucap, pakêmpalan Narpa putri kêdah kabantu para kakung sakiyat-kiyatipun, upami kula dados satunggaling tiyang radi kabandhan, botên sayang andarmani sabên wulan sadasa rupiyah, amargi kêjawi kêbukti sadaya ananipun, ugi ingkang sawêk rampung karêmbag, ngrancang damêl pamondhokan dalah pangupakaranipun lare lola putra wayahipun santana dalêm.

Sampun tamtu kemawon botên badhe sakêdhik mênggah badhe waragatipun, môngka bab punika langkung pêrlu sangêt, upami dipun yabèkakên kemawon, saiba saya kathahipun para sêntana ingkang dados kere, puluh dipun èdèk-èdèkna numpak motor jêmpol sarta sandhangan gumêbyar, manawi kulit daging ingkang pating klèwèr botên kamanah, gêbyaring sandhangan jêmpoling motor, tamtu badhe surêm dening daging bosok ingkang tansah mêrajalela, mila sadèrèngipun wontên wara-wara, kêparênga sami anggalih saprayoginipun.

Kasripahan

Nalika kula kasripahan ibu kula alit Radèn Ayu Surasewaya, utusanipun Putri Narpawandawa sêsêpuhipun bandara putri wayah dalêm, sasampuning maringakên arta pasumbang, sami kêparêng nucèni ingga lumêbêt trêbêla, angkating layon ugi kathah para Putri Narpawandawa ingkang mêrlokakên nglayat dumugi kubur, nadyan sampun lalumôngsa botên wontên awonipun ngambali kula sawaris ngaturakên panuwun.

Wêkdal kula nyumêrêpi sayuk iyêgipun Putri Narpawandawa anggènipun tumandang dhokoh punapadene anggènipun rajin nyumêrêpi wanci sarta rumakêting pasrawungan satunggal lan satunggalipun, sanalika raosing manah kula sakêlangkung trênyuh sangêt, sabab nyumêrêpi kadadosan ingkang babarpisan botên kanyana, dene ibu kula alit suwargi, ingkang kawontênanipun sarwa sèkèng samudayanipun, ewadene sarêng dumugi ing janji mantuk dhatêng jaman kalanggêngan, layonipun tampi nugraha kamulyan, awit saking barkah luhuring cita-citanipun pakêmpalan Putri Narpawandawa, sampun tamtu kemawon sikêp botên ambedakakên wau, luhuripun [luhuripu...]

--- 87 ---

[...n] saya tumpuk-tumpuk, liripun: luhure kanggo ngayomi, pintêre kanggo mêmulang, dados botên luhure kanggo masesa, pintêre kanggo mintêri.

Mênggah dunung sampurnaning ngayomi, miturut raos gêsang, botên namung kacêkap nrêsnani salah satunggal lan ngisik satunggaling bab kemawon, nanging ugi kêdah anguningani bêbasan salumahing jagad sakurêbing langit, pamawas kita pakêmpalan Putri Narpawandawa, sampun wiwit anggênduki dhatêng kasucèn ngangkah mêmayu hayuning jagad, katitik anggèning sampun cêlak dhatêng wilangan, 1 anggadhahi kapurunan, 2 pitados dhatêng badanipun piyambak, 3 raos nanggêl jawab punapadene anjunjung dlajad, makatên ugi warganipun pangrèh, tansah waspaos adhêdhasar ora duwe sanak sadulur sarta mitra kang ditrêsnani utawi digêthingi, ingsa- Alloh tumuntên kadumugèn ingkang sinêdya.

Organ

Parte organ kita blibik-blibik katingal saya majêng, tôndha pasêksènipun kajawi ingkang kêparêng manjurung mindhak kathah, ugi para jêmbaring sasêrêpan ingkang kula manah sagêd paring pêpajar sami bikak kêpèkipun, kula andhèrèk bingah sangêt dene kawontênan ing mega malang, manawi wontên bêja kita para kaum sêngsêm nèng rong kewala, badhe kabanjiran sakathahing kawruh ingkang kenging kangge ngusadani bobroking bêbrayan kita, mila pamêksa kita kanthi panyuwun, sumôngga nun para intêlèk kita, kêparênga nglubèrakên kawruh anggèn panjênêngan ngangsu saking mega malang, witikna manawi botên panjênêngan sadaya ingkang ngingsabakên, punapa inggih sajawining rangkah purun glawe, barèsipun manawi para intêlèk kita sampun gumregah yêktos, kajawi ingkang wontên têla-têla jumêdhul tut wingking, ugi organ kita badhe têrhurmat kabêtahakên sajawining jagad, bukti parte organipun para bôngsa ingkang sampun kaanggêp inggil kamanungsanipun, botên namung kabêtahakên salêbêting nagarinipun kemawon, nanging ugi dipun bêtahakên saindênging jagad, sampun tamtu kemawon sabab isinipun sagêd murakabi jagad raya. Prêmbèh-prêmbèh yuyutsunipun para kaum, mlêmpêm ingkang jirihipun dinèkèk ngayun. Sinèh iku kadohên pênjôngka. [pê...]

--- 88 ---

[...njôngka.] Atur kula sumôngga sami dipun olah sêsarêngan, ingkang supados pohung glêndhêngan sagêd dados roti ingkang miraos.

Cakrapangarsa§ Bab lampah sri nugraha, kula manah sanès papanipun kapacak ing ngriki, mapanipun wontên ing organipun golongan abdi dalêm, kauningana. Red.

Parêpatan Umum P.P.S.

Nalika ing dintên Salasa sontên tanggal kaping 12 Juli 1938 punika, P.P.S. inggih punika: pirukunanipun pakêmpalan pulitik Surakarta, saèstu damêl parêpatan umum, kalih panggenan: 1 wontên ing Kanggotan, 2 wontên ing abipraya, dipun dhatêngi para warganipun pakêmpalan warni-warni, para kawula dalêm, saha wakilipun sêrat-sêrat kabar, kalih panggenan wau watawis wontên tiyang 1600 wigatosipun angrêmbag bab kagungan dalêm rad bale agung.

Wanci jam 8 sontên, pangarsanipun P.P.S. inggih punika wakilipun P.P.K.I. amêdhar sabda kados ing ngandhap punika.

Para priyantun, kaparênga kula, atas namaning pangrèh P.P.S. inggih punika pirukunan pakêmpalan-pakêmpalan Surakarta, ngaturakên pambagya rawuh panjênêngan sadaya, wontên ing parêpatan ing dalu punika.

Sangêt gênging atur panuwun kula, dene panjênêngan sadaya sampun sami kêrsa mligèkakên wêkdal kangge anjênêngi pêpanggihan ingkang wigatos ing dalu punika. Rawuh panjênêngan kusung-kusung saking lèr, kidul, kilèn lan wetan, pêrlu anênggani parêpatan punika, sangêt kula aosi lan adamêl agênging manah kula.

Atas namaning pangrèh pakêmpalan kasêbut, kula matur nuwun sangêt dhatêng sadaya pakêmpalan-pakêmpalan, ingkang sampun sami kêrsa ambiyantu lan paring urunan, murih sagêdipun kêlampahan pêpanggihan ing dalu punika. Punapadene dhatêng pangrèh abipraya (komisi Kanggotan) ingkang sampun nyudhiyani papan kangge pêpanggihan punika.

Mênggah rawuh panjênêngan wau amracihnani, bilih panjênêngan ngêrtos saèstu dhatêng wigatosing [wi...]

--- 89 ---

[...gatosing] rêmbag, ingkang badhe kaandharakên sagamblang-gamblangipun punika mangke, inggih punika:

1. Babad-babadipun madêging bale agung sarta kadospundi wujuding dhapukanipun bale agung ing samangke.

2. Punapa pêrlunipun wêwênang onschendbaarheid kangge warganing bale agung têgêsipun: warga bale agung punika, yèn pinuju parêpatan, kenging mungêl punapa kemawon lan botên sagêd dipun prakawisakên.

3. Warganing bale agung kadhapuka mawi tatanan pilihan, ingkang milih para kawula.

Para priyantun, ing ngriki kula lajêng katuwuhan, pitakenan makatên: punapa kula sadaya, kawula dalêm ing Surakarta, gadhah wêwênang tumut cawe-cawe ngrêmbag prakawis kasêbut.

Mênggah prakawis punika, kula sadaya botên namung gadhah wêwênang kemawon, nanging punika malah nama wajib kula sadaya, amrih karaharjan lan kaluhuraning praja, ingkang kêdah sami kula gayuh, supados larasipun kalihan kawontênaning jaman, sok ugi botên nyimpang saking margi lêrês. Amargi kabêtahaning praja punika inggih dados kabêtahaning kawula.

Amila adêgipun P.P.S. punika wau botên sanès kajawi margi saking kula sami rumaos gadhah tanggêlan ingkang luhur punika.

Wondene wujuding P.P.S. dumugi titimôngsa punika kêdadosan saking kêmpaling pakêmpalan-pakêmpalan 1. Narpawandawa, 2. Parindra, 3. P.K.S. 4. P.K.C. 5. Al Islam, 6. P.S.I.I. lan 7. P.P.K.I saya langkung kathah pakêmpalan-pakêmpalan ingkang sami saeka praya nyambut damêl sêsarêngan wontên ing salêbêting P.P.S. saya badhe langkung kiyat lan agêng dayanipun tumrap sadaya aksining P.P.S.

Saupami ing praja Kajawèn sanèsipun ugi dipun wontêni bêbadan kados bale agung punika, têmtu saya badhe langkung guyêng, saya langkung grêngsêng bab pangrêmbaging dhapukanipun bale agung kados ing dalu punika, jêr ing ngriku badhe saya langkung katingal kêkiranganing kawontênanipun miturut dhapukaning bale agung samangke punika.

--- 90 ---

Kula sampun nate mirêng: apa ta gunane bale agung kuwi? Gene sing wis ana bale agung, kaanane têka ya mung kaya ngono bae.

Para priyantun, têtêmbungan kados makatên punika botên lêrês, amargi sabotên-botênipun bale agung samangke punika awujud bêbadan, ingkang sampun sagêd cawe-cawe ing babagan paprentahaning praja, rèhning sawêg nama wiwitan, têmtu kemawon dèrèng sagêd sampurna, kados ingkang dipun kajêngakên para kawula, nanging ingkang kados makatên punika sampun kok lajêng dipun angge jalaran ngêmohi wontênipun bale agung, mandar kula sadaya kêdah ngrekadaya, amurih langkung sampurnaning bale agung.

Para priyantun, wontên prakawis satunggal malih, ingkang pêrlu kula aturakên ing ngarsa panjênêngan ing dalu punika, inggih punika punapa ingkang sampun nate dipun tindakakên dening P.P.S.

1. Wiwit badhe adêgipun bale agung P.P.S. sampun nate ngwontênakên open luchtmeeting, ingkang tujunipun botên beda kalihan tujuning pêpanggihan ing dalu punika, sanadyan wohipun sajak katingal botên wontên, punika botên dados punapa, P.P.S. botên badhe wêgah lan tansah badhe nêrusakên aksinipun, yèn idham-idhamanipun dèrèng kacêpêng, tôndha yêktinipun, inggih wontênipun pêpanggihan ing dalu punika.

2. P.P.S. ugi sampun nate ngrêmbag bab adêgipun pêpatih dalêm, panjênêngan sadaya tamtu sampun mangrêtos, bilih wiwit kina makina pêpatih dalêm punika pancèn maligi abdi dalêm, dados sanès kadosdene bupati ing tanah guprêmenan, pêpatih dalêm punika agêng lan inggih awrat saèstu têtanggêlanipun, amila gêgandhengan kalihan punika P.P.S. nyuwun, supados jumênêngipun pêpatih dalêm prayogi mawi watêsan, ingkang maksudipun botên sanès kajawi amurih karta raharjanipun praja.

Para priyantun, kala wau kula sampun matur ngrêmbag kabêtahaning praja, punika inggih kabêtahan kula sadaya, ingkang ugi dados kuwajiban panjênêngan sadaya, mila kula aturi migatosakên ingkang saèstu dhatêng andharan ingkang badhe kawahyakakên punika mangke.

--- 91 ---

Para priyantun, mênggah karta raharjaning praja punika saperangan agêng gumantung wontên ing panjênêngan sadaya. Namung punika atur kula.

Satêlasing purwakanipun pangarsa, lajêng wakil Narpawandawa (tumrap ing Kanggotan R.M. Sasradipraja, tumrap ing Abipraya R.M.Ng. Purwasastra) dipun acarani anggêlarakên babad wontênipun bale agung andharanipun kados ing ngandhap punika:

Sadhèrèk, para priyantun kakung putri ingkang wontên parêpatan ngriki sadaya, kauningana, kula punika wakilipun pakêmpalan Narpawandawa, ingkang wontên ing P.P.S. inggih punika pirukunaning pakêmpalan pulitik Surakarta, kapurih ngandharakên babat-babatipun wontênipun kagungan dalêm rad bale agung, dados wiwit kawontênanipun sakawit, rêmbag-rêmbag badhe adêgipun bale agung, dumugi adêgipun ngantos parêpatan punika.

Parêpatan, sajatosipun radi kacipuhan anggèn kula badhe ngandharakên babadipun bale agung punika, amargi botên wontên prabot ingkang dados satunggal nêrangakên bab wau, dados kapêksa ngupados prabot mrika-mriki, kados ta: dhatêng Narpawandawa, dhatêng Budi Utama, saha dhatêng P.P.S. piyambak, pating caruwil, lajêng kula dadosakên satunggal, saha narutus pados pitakenan dhatêng para sadhèrèk ingkang sami tumut ngrêmbag, kala sadèrèngipun bale agung wau ngadêg, mangke badhe kula pisungsungakên ing panjênêngan sadaya, awit saking punika, bokmanawi wontên kêkiranganipun, mugi botên kirang pangaksama.

Parêpatan, sadèrèngipun ing tanah Jawi wontên pakêmpalan warni-warni, raos kabangsan utawi bab politik pancèn inggih gadhah, nanging namung wontên ing sanubarining satunggal-satunggalipun tiyang kemawon, dados botên sagêd kawêdhar kalihan satunggal ing satunggalipun, anggènipun katancêban gadhah raos kabangsan, sarta politik makatên wau, bokmanawi anggènipun sampun nate dados bôngsa luhur utawi gadhah kaprajan agung, kados ta: nalika jaman Mataram (Senapatèn) langkung malih nalika jaman Majapait minggah, nate mangrèh sajawining tanah Jawi, inggih punika:

Nalika antawisipun taun Walandi 400 jaman jumênêngipun Prabu Dewawarman, Purnawarman, ing nagari Tarumanagara ing Jawi Kilèn, tiyang Jawi sampun dagangan dumugi nagari [naga...]

--- 92 ---

[...ri] Cina, Arab, Yonani (Griekenland), Madhagaskar, tuwin Aprika Wetan. Miturut cariyosipun Fa-Hien inggih punika tiyang dagang bôngsa Tionghwa, kala jaman samantên (taun 132) nagari Tarumanagara sampun ngintunakên wêwakil (gezantschap) dhumatêng Raja Cina.

Kala taun 670 sapiturutipun ing pulo Suwarna Dwipa (Sumatra) sampun wontên praja linangkung inggih punika nagari Sriwijaya, ing Palembang, ugi ngintunakên wêwakil dhatêng nagari Cina.

Nalika taun 732 sapiturutipun, ing Jawi Têngah wontên kaprajan agêng nagari Mataram, kratonipun manggèn ing Prambanan (Saragêdhuk) lajêng kapindhah dhumatêng Mêndhangkamulan bawah Grobogan, Blora.

Jamanipun Prabu Sindhok Ikana (929), Prabu Darmawôngsa (surud taun 1007) nagari Mataram, ambawahakên Jawi Têngah, Jawi Wetan, sarta wêwênangipun ngantos dumugi Sriwijaya (Sumatra), Malayu, Cêmpa, Kamboja.

Wiwit taun 767 dumugi taun 873, Mataram ngintunakên wêwakil dhatêng nagari Cina, kala taun 802 Mataram pêrangan kalihan Kamboja, Kamboja kawon, lajêng taêrèhkaêrèh. Mataram.

Nagari ingkang kaêrèh Mataram sadaya gunggung 28.

Kacariyos nalika jaman Majapait ugi gadhah rad sawarni rad kawula, namung sarêng tanah kita dados siti jajahan (kolonie) dados wiwit Kartasura mangandhap, ing taun 1680 dhêdhasar kabangsan sarta politik wau lajêng kapêndhêm, dados wiji pancèn wontên, nanging botên sagêd kababar, langkung malih manawi ningali tindakipun kolonisator (koloniesator) wêkdal samantên dhatêng koloninipun, prasasat barang panganggêpipun, tiyang koloni badhe bêrgêrak punika rêkaos, sampun malih ingkang dhatêng politik, ngantos wontên awisan kasêbut ing Reg-Reglement artikel 111 ungêlipun makatên "Vereenigingen en vergaderingen van staatskundigen aard, of waardoor den openbare orde wordt bedreigd zijn in Ned Indie verboden. Tegen de overtreding in dit verbod worden zoodanige maatregelen genomen als de omstandigheden vorderen" Jawinipun: pakêmpalan sarta parêpatan politik, utawi ingkang mutawatosi dhatêng tata raharjaning akathah, tumrap ing Indhiya Nèdêrlan: dipun awisi. Supados awisan punika [pu...]

--- 93 ---

[...nika] botên gampil dipun têrak, mila ngawontênakên tatanan ingkang laras kalihan kawontênan miturut ing môngsakalanipun. Amung sarêng taun 1908 wiwit adêgipun pakêmpalan Budi Utama, ing ngriku katingal wontên pêrgêrakan ingkang raos kabangsan wiwit sumêbar, saha Budi Utama wau pancèn gadhah tuju anjunjung bôngsa sagêda mulya. Ebah-ebahan punika kadamêl dening para murid utawi priyantun ingkang angsal pangajaran saking bôngsa Walandi, mila tindak tandukipun inggih radi ngèmpêri pakêmpalan Walandi. Sasampunipun Budi Utama ngadêg, lajêng wiwit thukul pakêmpalan warni- warni, ewadene ing taun wau sanadyan sampun wontên pikajêngipun dhatêng politik, nanging dèrèng wani ngrêmbag, sarêng ngajêngakên pêrangan agêng ing Eropah taun 1914-1918 wiwit wani ngrêmbag politik, langkung malih nalika taun 1916 konggrès Budi Utama wontên ing Bandhung, ngrêmbag milisi, ing ngriku cêtha politik, wani nyuwun parlêmèn kangge bôngsa kita, rêgèrêng ugi botên ngawisi dhatêng rêmbag wau, malah sasampunipun punika wontên pranatan saking rêgèrêng nyuwak larangan ngrêmbag politik, kados ingkang kula aturakên ing nginggil, kawrat ing Indhisê Rêglêmèn taun 1919, ungêlipun makatên: "Het recht der ingezetenen tot vereeniging en vergadering wordt erkend. De uitoefening van dat reht wordt is het belang der openbare orde bij algemeene verordening geregeld" Jawinipun: wêwênangipun ingkang manggèn ing Indhiya Nèdêrlan, damêl pakêmpalan sarta parêpatan, dipun akêni. Dene anggènipun nindakakên wêwênang punika katata wontên algêmènê pêrordhêning, pêrlu anjagi sampun ngantos sulaya kalihan tata raharjaning akathah, wontênipun makatên bokmanawi kadaya ebah-ebahan donya, kêdah ngewahi dhêdhasar kina tumrap dhatêng jajahan, kados ingkang kula aturakên ing nginggil, sasagêd-sagêd tiyang jajahan kenging ngrêmbag pêrluning praja, manawi botên makatên badhe kirang prayogi, amargi botên sagêd mirêng kawontênaning kawula ing bawahipun. Mila gupêrmèn piyambak lajêng badhe ngawontêni rad kawula saha sampun ngadêgakên Gemeente raden ing taun 1903. Makatên malih kita saya mêmpêng botên narimah saha rumaos kataman kirang adil, bilih kita botên tumut ngrêmbag nasibing siti sarta bôngsa kita. Sasampunipun rad kawula ngadêg ing taun 1918, kita sami gêmbira, gupêrmèn inggih taksih kaparêng ngindhaki ingkang [ing...]

--- 94 ---

[...kang] dados kamajênganing rad kawula tuwin adêging praja, kados ta: wontênipun Bêstir Hèrporming (Best. Hervorming) ing taun 1922, pranatan kiesstelsel sapanunggilanipun.

Parêpatan, kados ingkang kula pratelakakên ing nginggil, kajawi kita pancèn rumaos kataman kirang adil, bilih kita botên kenging ngrêmbag nasib kita piyambak, ugi rêgèrêng piyambak pancèn anggalih badhe kirang prayogi, manawi botên sagêd mirêngakên suwaraning kawula. Tumrap têtiyang Surakarta raosipun inggih sami kemawon kalihan têtiyang sajawinipun, amargi têtiyang Surakarta inggih botên langkung bodho tinimbang sanès-sanèsipun, malah kawêntar kathah ebah-ebahan punika saking Surakarta, dados ugi ngajêng- ajêng tumut ngrêmbag pêrluning praja, sanadyan sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha ingkang wicaksana piyambak sampun nyuwun dhatêng gupêrmèn, supados ing Surakarta dipun wontêni gêmèntê rad, inggih punika kala taun 1919 namung rêgèrêng kala samantên dèrèng kaparêng ngewahi tatanan praja, utawi nampèni pangajêng-ajêng kawula wau, tumrap ing Surakarta sasaminipun. Awit saking wontên kawontênan makatên punika, pamanggihipun Narpawandawa badhe dipun wastani weya, bilih parentah Jawi botên lajêng wontên kaparêngipun nututi kamajênganipun ing bawah gupêrmenan, angewahi kawontênan-kawontênan ingkang sampun botên anjaman, sarta botên anggalih dhatêng kirang panarimahing manahipun para kawula. Sarèhning Narpawandawa punika pakêmpalaning santana dalêm, ugi ing sêtatutên gadhah tuju angajêngakên kawontênaning praja, dados wajib anjagi adêging nata angêmudhi praja, mila enggal cancut gumrêgut, botên ketang atêkên janggud asuku jaja lajêng ngwontênakên komisi, ingkang kapurih nyinau: punapa botên sagêd ing Surakarta dipun wontêni bêbadan-bêbadan kadosdene ing guprêmenan, sarta punapa kawontênan-kawontênan adêging praja ingkang kêdah dipun ewahi, supados sagêd lumampah majêng.

Parêpatan, nalika taun 1927 komisi sampun nglapurakên pamanggihipun, sarta lajêng karêmbag ing parêpatan agêng Narpawandawa, wontên ing dalêm Kusumayudan, wondene palapuranipun komisi wau wosipun kados ing ngandhap punika.

Mênggah ningali kawontênan-kawontênan, pancèn pêrlu ing bawah dalêm lajêng dipun wontêni [wo...]

--- 95 ---

[...ntêni] bêbadan ingkang sarupi rad kawula ing gupêrmenan rumiyin, anggènipun ngandharakên komisi dipun dhasari saking bêbadaning praja, ingkang wêkdal kala samantên sampun wontên, inggih punika kagungan dalêm rad nagari. Tumrap rad nagari manawi namung kagêm kabêtahan dalêm nata piyambak, inggih sampun cêkap, nanging manawi wontênipun badhe bêbadan anyar nuju rad kawula, sanadyan kangge kawitan, dèrèng paja-paja nyêkapi, manawi kados rad nagari wau, sabab dening badhe bêbadan anyar punika pangarsanipun kêdah sanès kangjêng gusti pangeran adipati anom, warganipun kêdah wontên wijinipun kawula. Dene ingkang pêrlu sangêt punika badhe bêbadan anyar wau parêpatanipun kêdah blak-blakan (openbaar) manawi ing ngriki kalampahan dipun wontêni bêbadan kados rad kawula, badhe piguna sangêt tumrapipun praja, amargi:

1. Parentah sagêd priksa kawontênan, utawi kabêtahan ingkang yêkti, dening mirêng swaranipun kawula ing rad wau.

2. Sagêd ngiyatakên paprentahan, amargi nama dipun bantu ing tiyang kathah.

3. Sagêd ugi angsal margi ngrukunakên, bilih wontên padudonipun ingkang dipun rèh, utawi nyêrêp-nyêrêpakên ing salêrêsipun.

4. Sagêd adil tumindakipun paprentahan, utawi ingkang nyêpêng paprentahan, sabab nama katiti.

5. Sagêd andadosakên pamarêming kawula, dening sumêrêp têrang sarta nama andhèrèk nglimbang tatanan tumrap badanipun piyambak.

6. Sagêd adamêl supêkêt, utawi trêsna dhatêng nagarinipun, dening rumaos tumut mêngkoni, sarta inggih sampun lêrêsipun manawi gadhah kawajiban punika ugi gadhah wêwênang, mila warganipun badhe rad wau pêrlu dipun wontêni wiji saking têtiyang ingkang dipun parentah.

Pigunanipun rad wau kadamêl blak-blakan, supados sumêbar kasumêrêpan ing akathah, manawi bêbadan kados kasêbut nginggil sampun sagêd ngadêg, pangintênipun komisi bêbadan sanès-sanèsipun utawi punapa kemawon ingkang dados kamajênganipun nagari, lêrêsipun sampun sagêd kausulakên saking rad kawula wau, kajawi punika komisi ngaturakên sugèsti bab tatanan pêpilahaning kawula (ondehoorigheid) kawrat ing sêtatsêblad taun 1921 ôngka 566 sayogi

--- 96 ---

dipun ewahi, dados Walandi, Cina, sasaminipun, lajêng kapasrahakên dados kawulanipun praja Kajawèn, manawi botên makatên, bôngsa-bôngsa ingkang botên kabawah praja Kajawèn kapêksa botên sagêd dados warganipun rad wau, amargi dhêdhasaraning warga rad kawula kêdah saking pamilihipun tiyang ingkang dipun rèhakên, makatên wau botên narimahakên sarta botên adil, nanging bilih dipun wontêni rad kawula piyambak-piyambak, kangge sagolong-golonganipun inggih badhe botên kantênan, awit sajatosipun ingkang badhe dipun manah punika namung satunggal, inggih punika kawontênan nagarinipun ingkang dipun ênggèni, môngka pangrêmbagipun kapisah-pisah, têrang badhe grecoh botên sagêd ngrêsikakên rêmbag, saha botên sagêd ngawontênakên rêmbag, saha botên sagêd ngawontênakên katêtêpan pêrluning umum, ingkang nama ôngka satunggal kangge cêcêpêngan kêkiyatanipun nagari. Manawi dipun campur dados satunggal, nanging botên ngewahi kawontênan sapunika, liripun taksih warni-warni paprentahanipun, inggih botên sagêd, amargi badhe lajêng wontên kawontênan gadhah wêwênang tumut ngrêmbag, nanging tanpa kawajiban dhatêng pêrlunipun wau, saha katingal anggumujêngakên, dene wontên lêlampahan ngrêmbag ingkang botên magêpokan badanipun. Pamanggihipun komisi sampun salêrêsipun bilih tiyang manggèn satunggaling nagari, kabawah sarta bayar paos dhatêng ingkang mêngkoni nagari wau, amargi piyambakipun ngalap kawontênan paedahing panggenan ingkang dipun ênggèni. Dhêdhapukan punika sagêd nyirnakakên raos ingkang anèh-anèh, kados ta: kawujudan sapunika, ingkang satunggal botên rumaos kaêrèh ing satunggalipun paprentahan, sanèsipun rumaos ugi botên kaêrèh sanèsipun paprentahan, tumrap paprentahanipun inggih rêkaos, jalaran wontên satunggaling panggenan botên masthi dipun aosi ingkang manggèn, môngka wajib anjagi awon saenipun, saha katingal sajak madêg piyambak. Kajawi punika kapêksa mawi milihi pundi ingkang bawahipun saha pundi ingkang sanès, cêkakipun nunggil sapapan kawontênan sami, nanging kabeda-beda, têrang botên sagêd anjalari rukun sarta botên sagêd nyuburakên nagari, mila ing pundi-pundi, ambeda-beda dhatêng kawulanipun sasagêd-sagêd dipun singkiri. Ing guprêmenan piyambak sarêng adêgipun rad kabupatèn Walandi, Cina, paprentahanipun kenging kawastanan ugi kawêngkokakên [ka...]

--- 97 ---

[...wêngkokakên] dhatêng bupati, manawi kawontênan Surakarta sampun dipun ewahi kados pamanggihipun komisi ing nginggil, sawêg gumolong dados satunggal angwontêni rad kawula campuran, manawi sagêd kalampahan makatên badhe kathah paedahipun, botên amung ngicali raos ingkang anèh-anèh kemawon, nanging ugi ngindhaki supêkêting satunggal ing satunggalipun, sarta nukulakên raos gêsang sêsarêngan, punapadene badhe angsal wêwaton ingkang kuwawi saha adil, dening pariksa têrang kawontênaning rêmbag satunggal ing satunggalipun, tumrap nagari lajêng kajèn, ajining nagari pêrlu sangêt kangge lampahing paprentahan, makatên malih ing palapuran komisi ugi mratelakakên, sapintên ingkang dados kuwaosipun guprêmèn, saha sapintên ingkang dados kuwaosipun panjênêngan dalêm nata, awit kawontênanipun sapunika pancèn kirang cêtha, murih botên corok-cinorok, tansah dados rêmbag pabênan, pamanggihipun komisi kêdah kawaton, cêkakipun sarèhning panjênêngan dalêm nata ngasta praja, dados bêbadan-bêbadan, wêwênang-wêwênang, pirantos-pirantos dalah paos-paos, kangge pêrluning praja kêdah dipun dêgakên yêktos, awit saking dhêdhasar wau, mila pulisi, pangadilan, bab kasarasan, sakolahan andhap sasaminipun, ingkang prasasat sampun botên wontên ngastaning panjênêngan dalêm nata, kêdah dipun wangsulakên. Dene ingkang taksih wontên ngastanipun guprêmèn, inggih punika yayasan-yayasan ingkang pigunanipun botên namung kangge bawahing praja dalêm nata kemawon, nanging sajawinipun sami ngalap, kados ta: militèr, sakolahan têngahan saha inggil, nyêgah sêsakit nular, sêpur, telegram, telepun sasaminipun. Mênggah wêwênang ingkang wontên guprêmèn, kajawi tatanan ingkang tumrap wontên ngastanipun kados kasbut ing nginggil, ugi babagan "internationaal" dados mirit andharan wau sadaya, gêgambaranipun ingkang ngêmudhèni punika panjênêngan dalêm nata, dados dhêdhawuhan, pranatan, anggêr sasaminipun, kêdah saking panjênêngan dalêm nata, ugi wêwakilipun ingkang tumrap umum utawi magêpokan arta saha ewah gingsiring wêwênangipun praja utawi bawah, kêdah karêmbag kalihan rad kawula, sarta sarèhning panjênêngan dalêm nata punika kabawah guprêmèn, wajib ngulat-ulatakên, dados bab-bab ingkang kasêbut ing nginggil wau, kêdah ugi mawi sarêmbag kalihan gupêrmèn, utawi wêwakilipun. [wêwa...]

--- 98 ---

[...kilipun.]

Wondene gêgambaranipun komisi tumrap rad kawula kados ing ngandhap punika: Rad wau murih botên cawuh kalihan rad kawula gupêrmenan, kanamakakên rad, rad bale agung, sarèhning sawêg nama rad juru ngaturi panimbang, warganing rad bale agung kawiwitan saking têtêpan rumiyin, campuran bôngsa Walandi asing, cacahipun pamanggihipun komisi 21 kalêbêt pangarsa, ingkang 12 kagolong bôngsa Jawi, ingkang 8 kagolong bôngsa Eropa sarta asing. Wontênipun cacah wau, murih manawi pêrlu satunggal-tunggaling apdhèling sagêd wontên wakilipun piyambak-piyambak. Wontênipun bôngsa Jawi langkung kathah tinimbang bôngsa Walandi saha bôngsa asing, amargi kawujudanipun bôngsa Jawi inggih langkung kathah tinimbang bôngsa sanèsipun. Amung sadaya punika kêdah ingkang dèrèng nate kenging prakawis ngantos ngicalakên kaurmatan, saha ingkang sampun umur salangkungipun 21 taun, dene pangarsa saha sèkrêtaris katêtêpakên saking panjênêngan dalêm nata mawi kaparingan blônja. Warganipun amung angsal declaratie utawi zittingsgeld sèkrêtaris botên kapetang dados warga, amargi kuwajibanipun salêbêting parêpatan kathah, sadaya wau kenging nyuwun kèndêl, utawi kakèndêlan manawi wontên pêrlunipun. Wondene wêwênangipun:

1. Ngrêmbag bêgrotêng dalah pêpetanganipun.

2. Ngrêmbag manawi praja badhe nyambut.

3. Ngrêmbag pranatan ingkang tumrap kawula, utawi ewah-ewahanipun adêging praja. Makatên malih dhêdhawuhan ingkang anjalari wêwahing kuwajibanipun kawula.

4. Wênang ngaturakên pamanggih saha ngewahi pranatan.

5. Kenging nyuwun katrangan kawrat sêrat utawi nyuwun dhatêngipun pangagêng praja, utawi wakilipun ingkang nêrangakên pitakenan-pitakenan rad kawula. Parêpatanipun kêdah opênbar saha sadhengah tiyang kenging ningali, nanging sagêd katutup manawi sakintên kirang prayogi kamirêngakên ing akathah, amung kêdah wontên pamundhutipun panjênêngan dalêm nata, utawi panêdhanipun pangarsa, utawi saking warga ingkang cacahipun sakêdhik-sakêdhikipun sapratiganing cacah ingkang dhatêng, ewadene inggih taksih mawi dipun putus ing parêpatan rumiyin. Apês-apêsipun ing dalêm sataun kêdah parêpatan sapisan, panjênêngan dalêm nata utawi warga ingkang sakêdhikipun [sakêdhiki...]

--- 99 ---

[...pun] sapratiganing cacah kenging nêdha parêpatan mirunggan, sadaya rêmbag botên sagêd dipun lajêngakên bilih ingkang dhatêng kirang sapalihing cacahipun warga sadaya, putus- putusaning rad kêdah manut suwara ingkang kathah piyambak, ungêlipun para warga dalah wakiling praja wontên ing parêpatan ngriki, botên kenging kasêrêg ing pangadilan, ugêr botên mêdharakên wadi ingkang karêmbag ing bêslotên pêrgadêring. Kajawi punika pamanggihipun komisi pêrlu nagari maringi katrangan pundi ingkang kagêm utawi botên pamanggihipun rad wau, makatên malih ing bêbukaning pranatan prayogi kasêbut karujukan utawi botên dening rad, wondene têmbung-têmbung ingkang kangge rêmbagan wontên parêpatan, kenging cara Jawi, cara Walandi, cara Malayu, namung ingkang kangge dhinês kêdah cara Jawi, awit kangge parluning paprentahan, sadaya bab ingkang badhe karêmbag sadèrèngipun parêpatan agêng, prayogi karêmbag patitisipun rumiyin, kenging cara Volksraad dipun wontêni pamrênca, apdhèling-apdhèling cêkap kalih utawi tiga. Panjênêngan dalêm nata punapa malih pêpatih dalêm, kêdah kenging nguningani sadaya parêpatan, utawi bilih badhe pratela punapa kemawon kêdah dipun aturi wêkdal, ugêr botên ambarungsinang. Sadaya pamanggihing warga ingkang kausulakên, utawi badhe ngewahi kaparêngipun nagari, murih botên sakajêng-kajêng kêdah dipun bantu utawi dipun rujuki apês-apêsipun warga tiga, komisi inggih mawi ngaturakên wawasan, samasa kawontênanipun praja Surakarta botên dipun ewahi kados kawontênanipun sapunika, tamtu rêkaos andamêl saenipun, amargi adêging praja ing wêkdal punika sampun botên jêjêg, sarta botên sagêd santosa prentahipun, sabab dening botên wontên pirantos kangge ngiyatakên wau, sasampunipun rampung anggènipun ngandharakên, lajêng karêmbag rame, cêkakipun parêpatan kasbut nginggil lajêng mutus adamêl mosi kawradinakên dhatêng sintên ingkang kamanah pêrlu, ingkang wosipun kados pamanggihipun komisi wau.

Parêpatan, sasampunipun mosi Narpawandawa wau kasiyarakên wontên ing sêrat-sêrat kabar, lajêng dados rêmbag rame, ingkang tundonipun swaraning sêrat-sêrat kabar wau kathah ingkang ngrujuki, namung dèrèng sagêd mirêng kadospundi kaparêngipun parentah. Sawatawis wulan saking sabibaripun parêpatan Narpawandawa kasêbut nginggil,

--- 100 ---

lajêng mirêng saking salah satunggalipun ingkang nyêpêng paprentahan, utawi ingkang magêpokan, bôngsa piyambak utawi bôngsa sanès, taksih warni-warni pamanggihipun, wontên ingkang rujuk, wontên ingkang botên. Sarêng antawisipun taun 1928-1929 Narpawandawa mirêng bilih sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha wicaksana, sampun nyondhongi wontênipun bale agung. Ing taun 1930 rame malih swaraning sêrat-sêrat kabar, amargi wontên sêrat kabar ingkang ngêwrat badhe tatanipun bale agung ingkang saking parentah, nanging dèrèng nocogi kados pikajêngipun pakêmpalan-pakêmpalan ingkang sampun kawêdharakên. Tumrap Narpawandawa lajêng enggal-enggal andhapuk komisi ingkang kapatah nyinau badhe pranatan bale agung wau kapêndhêtan ingkang pêrlu-pêrlu kemawon, kados ngandhap punika:

Bab 1

1. Dhêdhapukane bale agung iku: pangarsa kang ngiras dadi warga lumrah, warga lumrah liyane kang dudu kawulane kangjêng gupêrmèn cacah 9 sarta warga mirunggan cacah 3.

2. Pangarsa sarta warga lumrah iku kang nêtêpake panjênêngan ingsun mupakat karo bapa kangjêng tuwan gupêrnur ing Surakarta, sarta panjênêngan ingsun bakal aprasabên marang bapa kangjêng tuwan gupêrnur ing Surakarta supaya nêtêpake abdine kangjêng gupêrmèn cacah 3 dadi warga mirunggan.

3. Salah sawijine warga lumrah bakal ingsun têtêpake dadi wakile pangarsa mupakat karo bapa kangjêng tuwan gupêrnur ing Surakarta.

Bab 2

Kang kêna ditêtêpake dadi warganing bale agung iku mung mligi wong lanang kawulane praja Nèdêrlan kang padha manggon ana ing Indiya Nèdêrlan.

Ha: Kang umure têrang utawa sakira wus têtêp 25 taun.

Na: Kang pamanggone ana ing bawah dalêm Surakarta.

Ca: Kang durung tau dipatrapi paukuman kunjara, kajaba ukuman badan kang mung minôngka liruning dhêndhan utawa jalaran saka tindak panêrak.

Ra: Kang ora disuwak anggone ngêrèh utawa nguwasani darbèke dhewe, kabèh mau miturut karampungane pangadilan.

--- 101 ---

Bab 1

1. Dhêdhapukane bale agung iku: pangarsa kang ngiras dadi warga lumrah, warga lumrah liyane kang dudu kawulane kangjêng gupêrmèn cacah 9 sarta warga mirunggan cacah 3.

2. Pangarsa sarta warga lumrah iku kang nêtêpake panjênêngan ingsun mupakat karo bapa kangjêng tuwan gupêrnur ing Surakarta sarta panjênêngan ingsun bakal aprasabên marang bapa kangjêng tuwan gupêrnur ing Surakarta supaya nêtêpake abdine kangjêng gupêrmèn cacah 3 dadi warga mirunggan.

3. Salah sawijine warga lumrah bakal ingsun têtêpake dadi wakile pangarsa mupakat karo bapa kangjêng tuwan gupêrnur ing Surakarta.

Bab 2

Kang kêna ditêtêpake dadi warganing bale agung iku mung mligi wong lanang kawulane praja Nèdêrlan kang padha manggon ana ing Indhiya Nèdêrlan.

Ha: Kang umure têrang utawa sakira wus têtêp 25 taun.

Na: Kang pamanggone ana ing bawah dalêm Surakarta.

Ca: Kang durung tau dipatrapi paukuman kunjara, kajaba ukuman badan kang mung minôngka liruning dhêndhan utawa jalaran saka tindak panêrak.

Ra: Kang ora disuwak anggone ngêrèh utawa nguwasani darbèke dhewe, kabèh mau miturut karampungane pangadilan.

Ka: Kang ora dilèrèni ora kalayan ormat saka anggone suwita ing panjênêngan ingsun, anggone suwita ing kangjêng gupêrmèn, anggone suwita ing sèlêpbêstir, lokalê rad, rad propinsi utawa paprentahan kang madêg mandhiri.

Bab 4

1. Santananingsun utawa santana kang kagawa saka salakirabi iku bisa ditêtêpake dadi warga lumrah kèh-kèhe 4 mung grad 4 munggah.

2. Warga lumrah sathithik-sathithike 2 iku kudu ora kalêbu golongane abdiningsun, sarta sabisa- bisa kudu aja santananingsun kaya kang kasêbut dhuwur.

--- 102 ---

Bab 5

Kang kêna ditêtêpake dadi pangarsa utawa wakile iku ngêmungake warga lumrah kang mangêrti têmênan marang basa Jawa, basa Walônda sarta Malayu.

Bab 6

1) Mungguh bale agung mau kawajibane ngrêmbag sarta ngaturi pamrayoga:

Ha: Bab rêrantaman lêbu wêtune dhuwit nagara, kajaba pêpetungane dhuwit kang gêgayutan karo pêpancèn ingsun utawa santananingsun.

Na: Bab pêpetungan dhuwit kang diêmot ing rêrantaman mau, kajaba kang pancèn ora diwajibake pangrêmbuge.

Ca: Bab rengrengan pranatan.

Ra: Bab liya- liyane sakarsaningsun.

2) Ing purwakane layang pranatan bab nêtêpake rêrantaman lêbu wêtune dhuwit nagara sarta anêtêpake pêpetungane dhuwit nagara mau, apa manèh anêtêpake pranatan-pranatan iku kudu disêbutake manawa wus mawa dirêmbug karo bale agung, mangkono uga ing purwakaning layang karampungan liya-liyane kang maune nganggo dirêmbug karo bale agung.

Bab 7

Bale agung ingsun paringi wêwênang ngladèkake pamrayoga konjuk ing panjênêngan ingsun utawa marang pêpatih ingsun kang maedahi karaton ingsun sarta kawulaningsun.

Bab 8

1) Manawa panggalih ingsun, bale agung pêrlu parêpatan, iku bale agung kudu banjur parêpatan.

2) Parêpatane bale agung kudu ana sajrone kutha Surakarta sarta parêpatane mau kêna disumurupi sadhengah uwong (opênbar).

3) Parêpatane bale agung iku ora kêna disumurupi sadhengah uwong, manawa kang mangkono mau awit saka panjaluke warga apêse 3 utawa pangarsane mikir pêrlu.

--- 103 ---

4) Parêpatane bale agung mutus apa parêpatane mau iya ora kêna disumurupi sadhengah uwong, manawa ora kêna disumurupi sadhengah uwong, iku parêpatan ora kêna ngrampungi bab prakara kaya kang kasêbut ing bab 6 adêg-adêg 1 aksara Ha, Na, sarta Ca.

5) Kang mèlu parêpatan kang ora kêna disumurupi sadhengah uwong kudu ngêkêr samubarang kang dadi rêmbuging parêpatan mau nganti pangêkêre mau disuwak dening bale agung.

Bab 9

1) Bale agung ora kêna ngrêmbug utawa ngrampungi sadhengah bab, manawa cacahe warga lumrah kang mèlu parêpatan ora luwih saka saparone.

2) Pangarsa sarta warga lumrah liyane padha anduwèni wêwênang nyêtèm, dene warga mirunggan iku suwarane mung dumunung pamrayoga.

3) Kang dianggo wêwatoning putusan iku suwarane para warga lumrah kang petunge luwih saka saparone cacahing warga lumrah, dene manawa cacahe suwara kang mupakat, karo kang ora mupakat padha kèhe iku suwarane pangarsa kang dadi putusaning rêmbag.

4) Panyêtèming rêmbug bab prakara iku manawa ana panjaluke salah sawijining warga didangu siji-siji iya banjur ditindakake mangkono sarta panêmune banjur dilairake kalawan ijoan.

5) Panyêtèming rêmbug bab uwong iku anggone nglairake panêmune kudu diêmot ing layang tingkêman kang ora ditandhani tangan.

6) Têmbunge kang kanggo rêrêmbugan ana ing parêpatan bale agung, iku kêna nganggo têmbung Jawa, Walônda utawa Malayu sakarêpe kang duwe rêmbug.

Bab 10

1) Parêpatane bale agung kêna ditêkani bapa kangjêng tuwan guprênur ing Surakarta, utawa panjênêngan ingsun utawa pêpatih ingsun. Manawa arêp ngusulake sapêrlune kudu dililani.

2) Parêpatane bale agung uga kêna ditêkani kang dadi utusan ingsun sarta manawa arêp ngusulake sapêrlune ya kudu dililani.

--- 104 ---

Bab 11

Bale agung wênang jaluk katrangan marang sadhengah kang dudu warga, sarta kang kinira bisa awèh katrangan mau kêna dijaluk têkane ing parêpatane bale agung kang bakal ditêmtokake, pêrlu awèh katrangan mau.

Bab 12

Kang nêtêpake pranatan laku-lakune bale agung (Reglement van orde) bab tumindake bale agung iku panjênêngan ingsun.

Punapa pikantuking anggèning nyinau lajêng karêmbag rame wontên ing parêpatan taunan Narpawandawa, nalika tanggal kaping 1 April 1930, putusanipun: Narpawandawa damêl sêrat paturan katur ing pêpatih dalêm, ingkang suraos:

1) Warganipun bale agung kasuwun kêdah kawula dalêm sadaya, botên prayogi mawi warga mirunggan 3 mêndhêt sanès kawula dalêm.

2) Warganipun bale agung cêkap kasêbutakên: kawula dalêm, botên pêrlu kapratelakakên silah-silahipun santana abdi tuwin kawula dalêm.

3) Bale agung kasuwun dipun paringi wêwênang 5 bab:

Ha: Ngaturakên pamanggih warni-warni, kalêbêt rancangan pranatan (initiatief).

Na: Ngewahi rancangan pranatan (amendement).

Ca: Ngrêmbag bab rancangan lêbêt wêdalipun arta nagari, dalah sapêpetanganing pungkasanipun rantaman (slot rekening).

Ra: Ngrêmbag rancangan pranatan.

Ka: Ngrêmbag manawi nagari badhe nyambut.

4) Sadaya ewah-ewahan ingkang tumrap panguwaos, utawi adêging praja, prayogi karêmbag kalihan bale agung punapa malih sabên pranatan prayogi kapratelakakên punapa dipun mupakati bale agung punapa botên.

5) Bale agung kenging nampèni paturan saking kawula dalêm, salajêngipun karêmbag saparlunipun.

6) Basanipun kêdah ngangge basa Jawi.

7) Para warga dalah pangarsa tuwin wakiling parentah, botên kenging kasêrêg ing pangadilan [panga...]

--- 105 ---

[...dilan] saha pasuwitan, kabêkta saking sadaya rêmbag-rêmbag ing bale agung ijêman utawi kawrat sêrat.

9) Rad nagari kasuwun dados rad karaton.

Ugi nunggil taun 1930 wau, marêngi tanggal kaping 11/12 Nopèmbêr, pakêmpalan B.O. pang Surakarta enz kalihan pakêmpalan P.P.K.D. sarta P.K.C. damêl parêpatan opênbar wontên ing abipraya, ngrêmbag bab bale agung putusanipun damêl mosi, suraosipun:

1) Rancangan, bale agung kados ingkang kawrat ing sêrat-sêrat kabar punika pantês katulak.

2) a. Warganing bale agung kasuwun saking têtiyang kawulanipun praja Kajawèn, sarta sadaya bôngsa, dene cacahipun kasuwun satimbang kalihan kathahing cacah jiwanipun.

b. Nyuwun tumuntênipun wontên tatanan pamilih (kiesstelsel).

c. Kangge ngêntosi bab wau, botên wontên pakèwêdipun warganing bale agung ingkang kawitan punika sarana têtêpan.

3. Bale agung kawajiban ngrêmbag:

a. Kawontênanipun arta nagari (budget) b. tumanjaning arta tirahan sarta panutuping rèkêning, c. sambut-sambutan, nyewakakên, nyade sarta paos-paos kagunganipun nagari, d. rancangan pranatan, paos tumrap para kawula, dalah ewah-ewahaning praja dalêm wawasan (amendement) wêwênang usul (initiatief) wêwênang nyuwun katrangan (interpellatie) sarta mosi.

4) Parêpatanipun kêdah blak-blakan (openbaar)

5) Warganipun kalêpatna ing sêrêgan (onschenbaarheid) dening anggènipun micara utawi sêsêratan wontên ing rad wau.

6) Basanipun ingkang baku (officieel) kêdah ngangge basa Jawi, nanging ugi kaparênga ngangge basa Malayu utawi Walandi.

7) Dhêdhapukanipun bale agung punika murih prayoginipun, kêdah ngewahi staatsinrichting, supados para têtiyang ingkang manggèn ing praja Kajawèn, punika sadaya dados kawulanipun.

Awit saking taksih grag-grêg, utawi sêmang-sêmang wontênipun bale agung wau,

--- 106 ---

Narpawandawa lajêng ada-ada anggêsangakên Locaal Comite kados kala taun 1918, kalampahan ngadêg nalika tanggal kaping 15/16 Dhesèmbêr 1931, mupakatipun para pakêmpalan ingkang sami dados warganipun, kanamakakên: pirukunaning Pakêmpalan Politik Surakarta (P.P.S.) ing ngriku prakawis badhe adêgipun bale agung lajêng dados rêmbagipun P.P.S. amargi sampun sawatawis wêkdal botên kamirêngan badhe kadospundi dumadosipun, rêmbagipun P.P.S. sayogi lajêng damêl Openluchtmeeting, kalampahan nalika tanggal kaping 8/9 Juli 1932 ugi manggèn wontên ing abipraya dipun dhatêngi tiyang ewon saha karawuhan para luhur ing Surakarta sawatawis, utusanipun pamarentah tuwan Adviseur voor Inl. Zaken sarta tuwan Mr. Ir. Kiviet de Jong sasampunipun bab bale agung wau karêmbag, putusanipun P.P.S. botên pêrlu damêl mosi, amargi para agung ingkang sami ngasta panguwaos tamtu sampun sami mangrêtos, punapa idham- idhamanipun para kawula, punapa malih P.P.S. amung sumendhe ing kayakinanipun, awit saking dêrêngipun têtiyang kathah punika tamtu wontên dayanipun. Sarêng sampun sawatawis wulan kalihan dumadosipun, opênlêhmèting kasêbut nginggil, srêmang-srêming ing salêbêtipun wulan Agustus 1932, nagari nuntên ngrêmbag rancangan badhe adêgipun bale agung, nanging inggih dèrèng kados pangajêng-ajêngipun para pakêmpalan wau, amila tumrap P.P.S. ugi botên katalompèn lajêng mutus anyiyarakên Communique inggih punika kala salêbêtipun wulan Nopèmbêr 1932 wosing suraosipun Communique.

Gandhèng kalihan opênlêhmèting kala tanggal kaping 8/9 Juli 1932 bab badhe wontênipun rad kawula ing praja Kajawèn, sasampunipun P.P.S. matêngakên rêmbag kalihan para pakêmpalan warganipun, ngaturakên pamanggih kados ing ngandhap punika:

Anyumêrêpi kabêtahan murih saening tatananipun praja, tuwin kamajênganipun para kawula, punapa malih murih jangkêping adêgipun praja, pamanggihipun P.P.S. gandhèng kalihan badhe adêging bale agung tatanan pêpilihanipun kawula kawrat ing sêtatsêblad 1921 ôngka 566 supados kasuwak utawi kaewahan, kadospundi sagêdipun sadaya ingkang manggèn ing bawahipun praja Kajawèn punika dados kawulanipun.

--- 107 ---

Bale agung kasuwun dipun tata kadosdene satataning rad kawula, inggih punika dhêdhapukaning warga saking golong-golongan wau ingkang satimbang kalihan kathahing cacah jiwanipun. Sarèhning adêging bale agung punika nama dèrèng salaras kalihan rancangan ingkang kagiyarakên, sarta P.P.S. botên makèwêdakên wontênipun warga saking têtêpan, nanging ugêr kaewahan kados ing ngandhap punika:

1. Warganing bale agung supados sarana pilihan, ingkang salaras kalihan pikajêngipun P.P.S. bab tatanan wêwênanging pamilih (kiesrecht regeling) ugi supados lajêng dipun wontêni. P.P.S. botên makèwêdakên para warga ingkang kawitan punika sarana katêtêpakên. Namung ing têmbe kemawon kasuwun supados sarana pilihan.

2. Para warganing bale agung kalêpatna ing sêrêgan (onschendbaarheid) bab anggènipun rêrêmbagan ijêman utawi sarana sêsêratan wontên ing parêpatan ngriku.

3. Wontênipun warga bale agung ingkang sanès kawulaning praja Kajawèn P.P.S. botên rujuk manawi kanamakakên paranpara (advieseur), amung murih sagêdipun enggal tumindak, ing sadèrèngipun sêtatsêblad 1921 wau kasuwak utawi kaewahan, pamanggihipun P.P.S. prayogi kanamakakên warga mirunggan, sarta cacahipun kadamêla ingkang satimbang kalihan cacahing jiwa ingkang dipun wakili.

Manawi pamanggih tigang bab wau botên dipun pituruti, ingkang murih saenipun bale agung, P.P.S. badhe damêl aksi malih.

Sarêng ing taun 1935 marêngi ing dintên Kêmis Wage tanggal kaping 21 Marêt, kagungan dalêm rad bale agung kaadêgakên, ingkang dhêdhapukan sarta pranatanipun kawrat ing pranatan dalêm, katitimangsan kaping 20 Marêt 1935 ôngka 3 kados ngandhap punika:

Panjênêngan Ingsun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping X sapiturutipun.

Sawuse panjênêngan ingsun anguningani kaanan-kaanan ing samêngko, anggalih supaya luwih prayoga kanggo ing kraton ingsun, ing saiki kaparênging karsaningsun mupakat karo bapa kangjêng tuwan guprênur ing Surakarta prêlu anganani rad, ingsun jênêngake: bale agung, sarta anamtokake pranatan kaya ing ngisor iki:

--- 108 ---

Pranatan bab anganakake rad kang kawajiban angrêmbug lan ngaturake pamrayoga tumrap rancangan pranatan sapêpadhane.

Bab 1

1) Ing kraton ingsun Surakarta, ingsun adêgi rad ingaranan bale agung, pangarsane siji ngiras ngrangkêp dadi warga lumrah, warga lumrah liyane cacahe 10, sarta warga mirunggan 3.

2) Pangarsane bale agung sarta wargane lumrah iku kang nêtêpake panjênêngan ingsun mupakat karo bapa kangjêng tuwan guprênur ing Surakarta sarta panjênêngan ingsun bakal prasabên marang bapa kangjêng tuwan guprênur ing Surakarta supaya sarêmbug karo panjênêngan ingsun anêtêpake kawulane kangjêng guprêmèn 3 dadi wargane mirunggan.

3) Salah sawijining warga lumrah bakal ingsun têtêpake dadi wakile pangarsane bale agung, mupakat karo bapa kangjêng tuwan guprênur ing Surakarta.

Bab 2

1) Kang kêna ditêtêpake dadi wargane lumrah bale agung iku wong lanang kawulaningsun kaya kang kasêbut ing ngisor iki:

Ha. Kang umure (manut petungan taun Jawa) têrang utawi sakira uwis têtêp 25 taun.

Na. Kang durung tau dipatrapi paukuman kunjara lawase luwih saka sataun, miturut karampunganing pangadilan kang uwis ora kêna diulurake manèh kongsi limang taun lawase, saka anggone nglakoni paukuman.

Ca. Kang ora disuwak anggone ngêrèh utawa nguwasani darbèke dhewe utawa manèh kang ora ditêtêpake pailit, kabèh mau miturut karampungane pangadilan.

Ra. Kang ora dilèrèni ora kalayan urmat saka anggone suwita ing panjênêngan ingsun, anggone suwita ing kangjêng gupêrmèn, anggone suwita ing sèlêpbêstir liyane, utawa saka anggone nyambut gawe ana ing salah sawiji publiekrechtelijk lichaam.

2) Pangarsa sarta wargane lumrah bale agung sadurunge nindakake kuwajibane padha

--- 109 ---

disandhangi sumpah utawa prasêtya ana ing ngarsaningsun, utawa têrang dhawuhing timbalaningsun panyumpahe pangarsa ana ngarêpe pêpatih ingsun, panyumpahe warga lumrah ana ngarêpe pangarsane bale agung. Dene sumpah utawa prasêtyane kaya ing ngisor iki:

(Sumpah utawi prasêtya botên pêrlu kawaos).

Bab 3

1) Wargane lumrah, kajaba pangarsane bale agung têtêpe ingsun wangêni têlung taun parêpatan têrusan, wiwit tanggal 1 Oktobêr kongsi tumêka pungkasane sasi Sèptèmbêr, dene manawa têtêpe mau sawise tanggal 1 Oktobêr, kêkèrène mau uwis banjur dianggêp sataun.

2) Sapundhate wêwangên têlung taun mau wargane lumrah bale agung lèrène barêngan, ananging sanalika kêna ditêtêpake manèh.

3) Manawa ana warga lumrah ora nêtêpi pêpacake bab 2 ing dhuwur mau, apadene manawa dhèwèke ngalih utawa lêlungan saka bawah karaton ingsun, kang lawase luwih saka nêm sasi, têrusan iku banjur dilèrèni kajaba manawa uwis ana lilah ingsun.

4) Warga lumrah kang partikêlir ing sawayah-wayah kêna nyuwun lèrèn, panyuwune kudu dimot ing layang lumadi marang pangarsane bale agung. Pangarsa mau kudu tumuli ngunjuki uninga ing panjênêngan ingsun, tumrap lowongane warga kang nyuwun lèrèn, supaya panjênêngan ingsun banjur bisa nêtêpake gêgêntine kaya kang kasêbut ing bab 1.

Warga lumrah kang priyayi manawa nyuwun lèrèn, kang ngrampungi panjênêngan ingsun mupakat karo bapa kangjêng tuwan gupêrnur ing Surakarta, dene manawa warga mirunggan nyuwun lèrèn, iku kang ngrampungi bapa kangjêng tuwan gupêrnur ing Surakarta mupakat karo panjênêngan ingsun.

5) Gêgêntine warga kang lèrèn sadurunge wêwangêne, iku besuk manawa uwis tumêka wêwangên kabênêr lèrène kang digêntèni, iya kudu lèrèn.

Bab 4

Kang kêna ditêtêpake dadi pangarsane bale agung utawa wakile, iku ngêmungake [ngê...]

--- 110 ---

[...mungake] wong Jawa kang kajaba mumpuni têmbung Jawa uga kudu bisa têmênan ing têmbung Walônda sarta têmbung Malayu.

Bab 5

1) Mungguh bale agung mau bakal dipundhuti rêmbug tumrap prakara kasêbut ing ngisor iki.

Ha. Bab rêrantaman lêbu wêtune dhuwit nagara, kajaba pêpetungane dhuwit kang gêgayutan karo dhuwit kang malêbu ing kagungan ingsun kas karaton.

Na. Bab pêpetungane dhuwit kang dimot ing rêrantaman mau, kajaba kang pancèn ora diwajibake pangrêmbuge.

Ca. Bab rengrengan pranatan

Ra. Bab liya-liyane sakarsaningsun, utawa saka panjaluke pêpatih ingsun têrang dhawuhing timbalan ingsun.

2) Ing purwakane layang pranatan bab nêtêpake rêrantaman lêbu wêtune dhuwit nagara sarta anêtêpake pêpetungane dhuwit nagara mau apa manèh anêtêpake pranatan-pranatan iku kudu disêbutake manawa uwis mawa dirêmbug karo bale agung mangkono uga ing purwakane layang karampungan liya-liyane kang maune nganggo dirêmbug karo bale agung.

Bab 6

Bale agung ingsun paringi wêwênang ngladèkake pamrayoga konjuk ing panjênêngan ingsun lumantar pêpatih ingsun, utawa marang pêpatih ingsun, kang maedahi karaton ingsun utawa kawulaningsun. Mungguh pamrayogane mau kanggo utawa ora bale agung kudu diparingi sumurup.

Bab 7

1) Manawa panggalih ingsun utawa pamikire pêpatih ingsun bale agung pêrlu parêpatan, iku bale agung kudu banjur parêpatan.

2) Parêpatane bale agung kudu ana sajrone kutha Surakarta, sarta parêpatane mau ing padatane kêna disumurupi sadhengah uwong. Taksih wontên sambêtipun