Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1938-08, #408

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1938, #408
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1938-01, #408. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #299.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1938-02, #408. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #527.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1938-03, #408 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #528.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1938-04, #408 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #529.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1938-05, #408 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #530.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1938-06/07, #408. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #531.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1938-08, #408. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #532.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1938-09, #408 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #533.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1938-10/11, #408. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #534.

Ôngka 8, Agustus 1938

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya Saha Wicaksana Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên sawulan sapisan, ing wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran - Surakarta. 2242 ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO '38. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasradipraja, Têgalnawanta, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Ngabêktèn

Tamtunipun panjênêngan sadaya taksih sami èngêt, bab suwaking ngabêktènipun para abdi dalêm panèwu mantri ingkang santana dalêm wayah buyut sarta canggah, sanadyan pangrèh Narpawandawa sampun arekadaya nyêrati dhatêng prayagung bupati ingkang ngirit kala samantên, inggih punika Kangjêng Radèn Mas Arya Wiryadiningrat, supados munjuk nyuwunakên wangsulipun kalilan ngabêkti malih, kados ingkang kawrat turunan sêrat katitimasan kaping 27 Januari 1938 ôngka 25/14, ingkang sampun kapacak wontên ing organ ôngka 2, amung sarèhning dumugi sapriki botên wontên katranganipun, môngka suwaking ngabêktèn wau rumaosipun ingkang sami kataman sangêt panggrantêsing manahipun, dening kapêdhotan margi anggènipun sumungkêm ing ratu gustinipun, sarèhning punika sampun cêlak kalihan pasowanan ngabêktèn, [nga...]

--- 114 ---

[...bêktèn,] amila pangrèh Narpawandawa lajêng ngêtog kapurunan macak atur dhatêng wadananing putra santana dalêm, salajêngipun konjuk ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha ingkang wicaksana, têrangipun kados ingkang kasêbut turunan sêrat paturan ing turunan ngandhap punika:

Turunan

Bab Ngabêktèn

Ôngka 92/54

Sêrat paturanipun pangrèh Narpawandawa katur wadananing putra santana dalêm têngên saha kiwa.

Kula nuwun, pangrèh ngaturi uninga, nalika salêbêtipun wulan Januari kapêngkêr punika nagari andhawuhakn suwakipun pasowanan ngabêktènipun para abdi dalêm panèwu mantri ingkang santana dalêm wayah buyut sarta canggah, kawrat ing sêrat dhawuh katitimasan kaping 17 Januari 1938, ôngka 40 A/I/1 sakanthinipun.

Mênggah wontênipun dhawuh suwakan pasowanan ngabêktèn kasêbut ing nginggil wau, amung tansah dados rêmbagipun parêpatan pangrèh Narpawandawa, botên sanès kajawi namung sami nglairakên panalangsaning manahipun, dening kagalih botên sumungkêm ing panjênêngan dalêm nata, tuwin botên nêtêpi dhatêng ing kawajibanipun, môngka ila-ilanipun ing kina, tiyang ingkang botên sêtya sumungkêm ing ratu gustinipun, saha botên nêtêpi dhatêng kawajibanipun, punika badhe nêmahi nandhang papa cintraka ing gêsangipun.

Awit saking punika kênthêling pamanahanipun para pangrèh Narpawandawa, sami anêmpuh byat sumêngka pangawak braja angonjukakên sêrat paturan punika, sapintên agênging kalêpatanipun para santana dalêm ingkang sami dados abdi dalêm panèwu mantri, ingkang sowan ngabêkti wêkdal kala samantên, pangrèh Narpawandawa anyuwunakên lumunturipun pangapuntên dalêm, lêlajênganipun pangrèh anyuwunakên, mugi wontêna tumètèsipun dhawuh pangandika dalêm, amarêngakên wangsulipun kalilan ngabêkti malih ing sampeyan dalêm.

Nuwun, wontênipun pangrèh Narpawandawa ngantos kamipurun saos unjuk kados [ka...]

--- 115 ---

[...dos] ingkang kasêbut ing nginggil wau, sabab dening pangèsthinipun rintên kalayan dalu, botên sanès inggih namung murih luhuripun karaton dalêm, tuwin lastari sêtya sumungkêmipun para santana, abdi tuwin kawula dalêm sadaya.

Ingkang punika salajêngipun konjuk ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha ingkang wicaksana kangjêng susuhunan, pangrèh anyumanggakakên saha nyuwun cumadhong dhawuh.

Katur kaping 17 Agustus 1938.

Pangarsa: Wg. Suryadipura

Panitra: Wg. Purwasastra

Angsal-angsal

Nalika ing dintên Sêtu sontên tanggal kaping 23 Juli kapêngkêr punika, Narpawandawa utusan Radèn Mas Ngabèi Purwasastra (panitra II) kalihan Radèn Mas Arya Pringgawinata (warga panitya) andhatêngi konggrèsipun pakêmpalan Sangkara Mudha ing Ngayogyakarta, manggèn wontên ing dalêm Purubayan, tumrap kawontênanipun pasamuwan sapanunggilanipun, kirang prêlu kabèbèr wontên ing côndrawarti ngriki, wondene angsal-angsalipun ingkang kamanah migunani dhatêng para santana dalêm saumumipun, inggih punika sêsorahipun Kangjêng Radèn Tumênggung Mistêr Nitipraja, bab bêbayanipun manawi botên sagêd ngrasuk dhatêng kawontênan ing gêsang bêbrayan. Andharanipun sêsorah kirang langkung kados ing ngandhap punika.

Pangrèh agêng Sangkara Mudha, konggrès ingkang minulya. Gubahan ingkang badhe kula aturakên punika bab: bêbayanipun manawi botên sagêd ngrasuk dhatêng kawontênan ing gêsang bêbrayan. Gêsang bêbrayan (maatschappij), punika kawontênanipun tansah ebah ewah. Miturut Prof. Dr. B.J.O. Schrieke satunggaling sarjana ing babagan kawruh sociologie (kawruh bab gêsang bêbrayan) bêbrayan punika manawi kawawas ingatasing paprentahanipun miturut babad kenging kabage dados tigang tataran, (ontwikkelingsphasen), satunggaling tataran punika kenging dipun wastani alam.

--- 116 ---

Santuning alam punika tamtu kabêkta santuning pamanggih utawi panganggêp isi babagan warni-warni. Kula sadaya wajib anggatosakên ing bab ewahing alam wau, pêrlunipun supados sagêd anglênggahakên utawi mapanakên badan ing papan ingkang samêsthinipun utawi sagêd anggayuh dhatêng papan ingkang miturut panganggêping akathah ing alam punika kagolong dados têtungguling bêbrayan. Alam ingkang sapisan: bêbrayan ingkang kagolong kalêbêt ing alam sapisan punika bêbrayan ingkang taksih katata dening têtiyangipun piyambak ing bêbrayan ngriku sarana rêrukunan. Gêsanging têtiyang ing ngriku taksih mligi saking wulu pawêdalipun wêwêngkonipun piyambak, liripun kangge nyampêti kabêtahanipun dèrèng ambêtahakên urup-urupan kalihan bôngsa sanès. Ing bêbrayan ngriku dèrèng sami ngangge arta. Manawi ambêtahakên dhatêng barang gadhahanipun tiyang sanès namung sarana urup-urupan.

Bêbrayan ingkang kados makatên punika ingkang Indhiya ngriki taksih wontên inggih punika: ing Sèlèbês. Ing papan padununganipun bôngsa Toraja. Kawontênan ing ngriku nate dipun pratitisakên dening sèndhêling bôngsa kilenan nama Tuwan Kruyt sarta Adrianie, ing bukunipun tuwan-tuwan kalih wau dipun têrangakên, manawi ing bêbrayanipun bôngsa Toraja punika dèrèng wontên panguwaos utawi Gezag, katêntrêman ing salêbêting bêbrayan ngriku dipun tata sarana rêrukunanipun tiyang kathah, sasampunipun karêmbag ingkang matêng. Kabêkta saking tatananing bêbrayan ngriku sadaya kêdah aos-ingaosan. Manawi kasawang saking sajawining rangkah têtiyang ing ngriku katingal sami gêndhon rukon, ingkang sami dipun anggêp kadosdene panguwaos punika pamanahanipun ngakathah (groepsgeest), têtiyang ing ngriku ingkang tansah dipun ulatakên namung pamanggih utawi panganggêping akathah (publieke opinie) inggih panganggêping akathah punika ingkang dipun aosi sangêt. Ing sadaya panindak tamtu dipun arah-arah sampun ngantos agêngipun cêngkah, alitipun botên laras kalihan panganggêping akathah wau. Kajawi publieke opinie ingkang ugi tansah dipun èngêt- èngêt ing sadaya panindak punika: lêluhuripun. Sampun ngantos wontên panindak ingkang sagêd nyababakên botên angsal pangèstunipun lêluhur.

Kamardikaning tekad (Individualiteit) ing bêbrayan ngriku dèrèng sagêd gêsang, amargi

--- 117 ---

taksih karoban utawi kawêngku dening pamanahaning akathah (groepsgeest) sadaya kawontênan ing ngriku punika sami dipun anggêp dados darbèkipun ngakathah, sadaya tiyang inggih sami pandamêlanipun sami kabêtahanipun, sami kasukanipun.

Ingkang dados pangagênging bêbrayan ngriku punika salah satunggaling tiyang ing ngriku ugi, ingkang dipun pilih dening akathah dados pangagêng, ananging anggènipun kapilih wau botên sabab saking têdhak turunipun beda kalihan ingkang kathah- kathah, dhasaripun tiyang ing ngriku punika sadaya nunggil lêluhur, ananging anggènipun dipun pilih wau sabab saking kêmoncolanipun kasagêdanipun ing bab adat tatacara ing ngriku, utawi kapurunanipun manawi wontên bêbaya saking jawi andhatêngi utawi malih sabab kaprigêlanipun damêl tata pirukun manawi wontên ingkang sami pasulayan ing salêbêting bêbrayan ngriku.

Panguwaosipun pangagêng wau dèrèng gadhah utawi dèrèng nyêpêng, sagêdipun langgêng dados pangagênging bêbrayan ngriku namung salaminipun taksih angsal panganggêping akathah, inggih awit saking kamoncolanipun ing babagan adat tatacara lan sasaminipun wau.

Tumrap tiyang kathah ing ngriku kuwajibanipun namung kêdah nglanggêngakên sadaya kawontênan. Botên kenging gadhah ada piyambak, botên kenging gadhah tekad piyambak. Tatananing adat tatacara ing ngriku kêdah dipun estokakên. Manawi wontên salah satunggaling tiyang ingkang kamipurun botên nêtêpi tataning adat, tamtu lajêng katundhung saking ing bêbrayan ngriku. Ananging awit saking sadaya tatananing adat ing ngriku punika sampun rumasuk ing balung-sungsum tumraping têtiyang ngriku, ingkang gadhah gagasan botên laras kalihan tataning adat ing bêbrayan ngriku inggih botên wontên. Dados kawontênaning tatanan ing ngriku punika sampun dipun anggêp sampun samêsthinipun. Minôngka kangge pasaksèn malih manawi tatanan ngadat ing bêbrayan ngriku punika sampun rumasuk ing ati sanubarining têtiyang ing ngriku, inggih punika: sampun sawatawis dangu parentah gupêrmèn anêtêpakên pangagêng-pangagêng tumraping bêbrayan ingkang taksih kagolong ing alam ôngka satunggal ing papan padununganipun bôngsa Bugis, bôngsa Makasar utawi ing Lampung. Dene pamilihipun parentah gupêrmèn wau namung ngèngêti dhatêng kasagêdanipun utawi kacêkapanipun, [kacê...]

--- 118 ---

[...kapanipun,] ananging botên mawi ngèngêti punapa pangagêng-pangagêng wau dipun anggêp pangagêng dening têtiyang ing bêbrayan ing ngriku. Wusananipun ing sarèhning ingkang sami dipun têtêpakên parentah gupêrmèn punika botên sami dipun anggêp dados pangagêngipun, para têtiyang ing ngriku taksih lêstantun dhatêng pangagêngipun piyambak-piyambak, salajêngipun parentah gupêrmèn ugi ngakêni klèntu ing panindakipun sarta lajêng ngagêm pamrayoginipun para sarjana ing babagan adat tatacara (adatrecht) kadosdene suwargi Prof C.V. Vollenhoven sasaminipun.

Bêbrayan ingkang kagolong alam ôngka 2, punika bêbrayan ingkang sampun kawêngku dening panjênêngan nata, ananging kemawon ingkang caranipun nindakakên paprentahan taksih namung kaênêrakên dhatêng kabêtahaning panjênêngan nata piyambak. Dèrèng ngèngêti dhatêng kabêtahanipun para kawula alit.

Ing bêbrayan punika panataning sadaya sampun migunakakên panguwaos (gezag), dados bedanipun kalihan ing bêbrayan ing alam kapisan, manawi ing bêbrayan ing alam kapisan sadaya taksih dipun tata sarana rêrukunaning tiyang kathah. Ing bêbrayan ôngka 2, panatanipun mawi panguwaos. Alam ôngka 2 punika dumadosipun inggih saking alam kapisan. Bêbrayan-bêbrayan alit ingkang waunipun sami madêg piyambak-piyambak mawi pangagêng piyambak, sasampunipun kenging karêbat ing pêrang, lajêng kapurba kawisesa dening panjênêngan nata. Tumrap pangagêng-pangagêng lami ingkang taksih dipun lastantunakên mangagêngi ing wêwêngkonipun lami, lajêng santun ayahanipun. Awit saking kawontênaning margi- margi sarta têtumpakan (communicatie middelen) taksih awon-awon utawi dèrèng kathah, punika sagêdipun panjênêngan nata nandukakên panguwaos dhatêng wêwêngkon-wêwêngkonipun ingkang têbih-têbih namung lumantar pangagêng-pangagêng wau.

Ingkang makatên punika tumrap panggenan-panggenan ingkang suwaunipun botên gadhah panguwaos, sarêng angsal pambiyantunipun panjênêngan nata lajêng sami angsal panguwaos, kawontênan makatên punika ingkang nuwuhakên wontênipun pangagêng-pangagêng utawi para luhur sajawining golonganipun panjênêngan nata, manawi mawi têmbung Walandi dipun wastani "Oeradel" utawi para aristocraat.

Saèstunipun panjênêngan nata anggènipun nglêstantunakên para pangagêng kalihan [kali...]

--- 119 ---

[...han] dipun paringi panguwaos punika botên sanès kajawi namung kangge nyantosakakên panguwaosipun nata piyambak.

Margi sanès ingkang minôngka kangge nyantosakakên panguwaosing panjênêngan nata ing alam ingkang ôngka 2, punika sarana nêtêpakên pangagêng-pangagêng pinitados (ambtenaren stedehouder) ing wêwêngkon ingkang têbih-têbih, utawi pangagêng-pangagêng sami kamantu supados langkung sêtya dhatêng panjênêngan nata.

Ing sarèhning caranipun pêpêrangan ing alam punika taksih ngêbên kalangkungan ing babagan kadigdayan, kanuragan lan kasantikan, ingkang sami katêtêpakên dados pangagêng pinitados punika para senapati (para adipati) ingkang sami anggadhahi kalangkungan ing bab têtiga wau.

Ing sêrat Damarwulan para adipati ing nagari Majapait kadosdene Adipati Sindura, Adipati Rônggalawe, Adipati Menakjingga inggih Urubisma, punika sami kasuwur kalangkunganipun ing babagan kadigdayan sasaminipun.

Ing Babad Tanah Jawi, nalika alam karaton Dêmak, Mas Karèbèt utawi Jaka Tingkir punika cêcriyosanipun sagêdipun dados prajurit pinitados ing kraton Dêmak sarta salajêngipun sagêd jumênêng sultan ing Pajang punika inggih saking kalangkunganipun ing bab têtiga wau.

Wontên malih Kyai Agêng Pamanahan punika inggih samantên ugi sagêdipun kombul asmanipun inggih saking kalangkunganipun ing babagan têtiga wau.

Kosokwangsulipun para pangagêng ingkang ing alam punika botên anggadhahi kamoncolan ing babagan kadigdayan, kanuragan, sarta kasantikan têmtu botên sagêd widada.

Pasêksèn ing Babad Tanah Jawi ingkang cêtha inggih punika: lêlampahanipun kraton Dêmak dumugi kraton Mataram. Sasedanipun Sultan Trênggana ing Dêmak, ingkang ing wusananipun sagêd gumantos jumênêng nata inggih ingkang digdaya piyambak, inggih punika Jaka Tingkir, sabotên-botênipun ingkang senapatinipun sami digdaya-digdaya. Sasampunipun Sultan Pajang kawon kalangkunganipun kalihan Panêmbahan Senapati, kraton Pajang ugi lajêng botên sagêd widada, wusana kraton lajêng kenging Panêmbahan Senapati sarta lajêng pindhah dhatêng Mataram.

--- 120 ---

Bêbrayan ing alam ôngka 2 punika saèstunipun kenging ugi dipun wastani alam kaprajuritan. Ing tanah Eropah alam punika kacriyos nama alam: Riddertijd. Ing alam punika ingkang kagolong dados têtungguling bêbrayan para aristocraat. Utawi para adhêl. Senapati-senapati prasasat sadaya saking golongan aristocraat.

Kawula alit (misera obediens plebs = het arme gehoorzame volk) dèrèng katingal babarpisan, namung sawêg tansah dados kawonan, kêdah manut miturut dhatêng sadaya dhatêng karsaning pangagêng.

Alam ôngka tiga

Bêbrayan ing tataran utawi alam ôngka 3 punika dumadosipun saking alam ôngka 2. Santuning bêbrayan ôngka kalih dados bêbrayan ing alam ôngka 3 punika:

a. Saking santuning cara panggêsanganipun (huishhouding).

b. Saking santuning kawontênan margi-margi sarta têtumpakan (communicatie middelen).

c. Saking santuning caranipun pêpêrangan, ubarampenipun pêpêrangan sasaminipun (oorlogstechniek).

Adat ing alam ôngka 2 cara panggêsanganipun bêbrayan manawi katêmbungakên mônca dipun wastani productenhuishouding utawi naturalwirtschaft inggih punika sadaya caranipun nyampêti kabêtahan taksih sarana urup-urupan barang sami barang. Arta dèrèng wontên babarpisan utawi sakêdhik sangêt. Kaskayaning panjênêngan nata namung sagêd angsal pamêdal saking wêwêngkon-wêwêngkon ingkang paprentahanipun dipun asta piyambak (kroonladen). Bagean pamêdaling bumi wêwêngkon-wêwêngkon ingkang sami dipun kuwaosi dening pangagêng- pangagêng pinitados botên kenging dipun jagèkakên, amargi limrahipun pamêdal-pamêdal wau sampun lajêng dipun angge ing papan-papanipun pangagêng-pangagêng wau piyambak. Awit saking punika kaskayaning panjênêngan nata kawontênanipun tansah kêkirangan kemawon.

Wiwit bêbrayan lajêng migunakakên arta ing môngka lajêng sêsarêngan kawontênanipun margi-margi sarta têtumpakan (communicatie-middelen) dipun saèkakên sarta dipun indhaki, panjênêngan nata lajêng sagêd ngawontênakên paos-paos [pao...]

--- 121 ---

[...s-paos] ingkang kêdah kaladosakên mawi arta, sarta malih sarêng lampahipun dhatêng wêwêngkon- wêwêngkon ingkang têbih-têbih sagêd gampil, panjênêngan dalêm nata lajêng sagêd nandukakên panguwaos dhatêng wêwêngkon ingkang têbih-têbih wau botên mawi lumantar para pangagêng. Dados wiwit panjênêngan dalêm nata sagêd ngawontênakên kaskaya piyambak ingkang kiyat, sarta sagêd nandukakên panguwaos dhatêng têtiyang sadaya wêwêngkon punika, para pangagêng-pangagêng (aristocraat) lajêng tanpa daya nyêpêng pamêdal sarta nandukakên panguwaos tumraping wêwêngkon sampun botên sagêd. Ing ngriki kula aturakên bilih anggènipun panjênêngan dalêm nata tumindak nyuda utawi ngicali sadaya kuwaosipun para pangagêng (aristocraat) punika mawi mundhut pambantuning golonganing kawula alit.

Dangu-dangu sasampunipun para aristocraat têlas panguwaosipun, golonganing kawula wau lajêng andhêsêk nêdha panguwaosipun. Saya dangu saya kathah wêwênanging para kawula, ngantos angsal wêwênang ngikisi panguwaosipun panjênêngan dalêm nata sarana tatanan ingkang dipun wastani grondwet utawi constitutie.

Saya dangu malah panguwaos punika lajêng dumunung wontên kawula alit, (het volk wordt souverein).

Ing wêkdal samangke sanès mêsthinipun kula ngaturakên andharan panjang ing bab kawontênaning tatanan paprentahan praja.

Sapunika kula nglajêngakên malih bab kawontênanipun para aristocraat.

Tumrap dhatêng kaprajuritan inggih lajêng sampun botên beda kalihan kawula alit, amargi caraning pêrang punapadene ubarampening pêrang sampun beda sangêt kalihan nalika ing alam ôngka 2. Ing pêpêrangan alam sapunika botên cêkap ngêndêlakên dhatêng kadigdayan, kanuragan sarta kasantikan, amargi ing pêpêrangan samangke punika saèstunipun pundi ingkang langkung sampurna dêdamêl utawi pirantosipun pêrang têmtu sagêd unggul. Dene caranipun migunakakên dêdamêl utawi pirantosing pêrang punika sagêd dipun sinau sadhengah tiyang.

Tumrap dados punggawaning parentah ambtenaar para aristocraat ugi sampun sami kemawon kalihan kawula alit, amargi pêpanggilipun tumrap badhe dados amtênar punika limrahipun namung kasarasan sarta cêkapipun dhatêng padamêlan.

--- 122 ---

Dados ing alam ôngka 3 punika para golonganing pangagêng-pangagêng lami utawi para aristokrat manawi botên mulat sayêktos botên badhe ngêmungakên dados kawula limrah (staatsburger) kemawon, nanging badhe kadhêsêg dening golonganing kawula ingkang suwaunipun ing alam ôngka 2 dados karerehanipun.

Konggrès ingkang minulya. Lêrêsipun manawi cara lèsêng ingkang wètênsêkappêlêk, ingkang mêdhar sabda punika botên kenging lajêng damêl wawasan saking gubahanipun punika, ananging ing ngriki sarèhning kalanganing pakêmpalan para mudha, kula punika kalêbêt sêpuh, sarta ancas kula lèsêng punika ugi botên satus prêsèn cara wètênsêkappêlêk, minôngka pandudut tumrap dhatêng para mudha, kula anganggêp pêrlu ngaturakên wawasan (conclusie) saking ingkang kula aturakên wau sadaya.

Bêbrayan ing alam ôngka 3 inggih ing alam ingkang sami kula lampahi punika, isinipun sagêd kaperang inggih punika:

Perangan jagading pamarentah.

Perangan jagading para partikêlir.

Ing jagad kalih-kalihipun wau ingkang samangke ingkang katingal dados pangajêng para pasinaon utawi para intellectueel. Ing ngriki pêrlu kula aturakên manawi ingkang kagolong para intellectueel punika botên namung ingkang gadhah titêl Mr. Dr. utawi Ir. nanging ugi sadaya ingkang sami ngudi kawruh sarana pangudining kawruh bôngsa kilenan sarta sampun angsal pasaksèn cêkap saking bêbrayan kita punika ugi kalêbêt golongan intellectueel.

Ing jagading pamarentah kados ta: ing kalangan pasuwitan dados amtênar ing bagean paprentahan warni-warni, ing kalangan badan pêrwakilan kados ta: ing polêksrad, propinsi Yalêrad, rêgènsêkap rad, gêmintê rad, bale agung, para intêlèktuwil sami dados pangajêng. Ing jagading golongan partikêlir kados ta: wontên ing kalanganing dagang, panggaotan warni-warni para intêlèktuil ugi dipun bêbahakên dados pangajêng utawi tèknisêlèdhêr, utawi dados punggawa ingkang kabêtahan nanggêl ingkang awrat. Ing kalangan para ahli ulah kaprajan (politiek) ugi para intêlèktuwil sami dados pangajêng.

Ing alam punika awit bôngsa kula sampun srawung kalihan bôngsa-bôngsa sanès, [sanè...]

--- 123 ---

[...s,] panganggêping akathah inggih lajêng beda kalihan wingi-wingi. Ingkang miturut panganggêping akathah (publieke opinie) para intellectueel punika ingkang kapetang dados têtungguling bêbrayan (maatschappelijk elite).

Awit saking punika manawi para golonganing aristocraat ingkang ing alam punika badhe namung nganggêp staatsburger limrah mawi wêwênang mirunggan sawatawis (voorrechten) punika manawi badhe anggayuh têtêp dados têtungguling bêbrayan kêdah sami mangrêtos dhatêng lampahing jaman sarta kêdah ingkang dipun ênêr namung jagading para intêlèktuwil. Dene sangunipun cêkap wontên tekad ingkang têtêp.

Nuwun, wontênipun sêsorah wau kula êwrat ing organ ngriki, prêlunipun sagêda dados sarana pamunguning panggalihipun para santana dalêm sadaya, kaudia kalayan sayêktosan, murih kalêksananipun sami dados pangajêng, bêbasan: mupung gêdhe rêmbulane, mupung jêmbar kalangane, wasana amung sumôngga ingkang sami kaparêng anjôngka kalayan jinangkah.

Utusan Narpa

Parêpatan Umum P.P.S.

Sambêtipun organ ôngka 6-7

3). Parêpatane bale agung iku ora kêna disumurupi sadhengah uwong. Manawa kang mangkono mau awit saka panjaluke warga apêse 4 utawa pangarsane mikir parlu.

4). Parêpatane bale agung amutusi mungguh anggone parêpatan mau kêna disumurupi sadhengah uwong apa ora, manawa ora kêna disumurupi sadhengah uwong, iku parêpatan ora kêna ngrampungi bab prakara kaya kang kasêbut bab 5 adêg-adêg 1 aksara: Ha, Na sarta Ca.

5). Kang mèlu parêpatan kang ora kêna disumurupi sadhengah uwong, kudu ngêkêr samubarang kang dadi rêmbug ing parêpatan mau nganti pangêkêre iku disuwak dening bale agung.

Bab 8

1). Bale agung ora kêna ngrêmbug utawa ngrampungi sadhengah bab. Manawa cacahe [cacah...]

--- 124 ---

[...e] warga lumrah kang mèlu parêpatan ora luwih saka saparone.

2). Putusan ingatasing prakara kudu miturut suwaraning warga lumrah kang padha nyêtèm. Êndi kang akèh dhewe suwarane sarta kang cacahe luwih saka saparone kang padha nyêtèm mau.

3). Panyêtèming rêmbug bab prakara, iku manawa ana panjaluke salah sawijining warga lumrah supaya para warga didangu siji-siji iya banjur ditindakake mangkono, sarta panêmune banjur dilairake kalawan ijoan, saupama ana drêdahing panêmu, môngka kang drêdah mau padha kèhe, iku kang dirêmbug mau dianggêp ora kanggo.

4). Panyêtèming rêmbug bab uwong, iku anggone nglairake panêmu kudu diêmot ing layang tingkêman kang ora ditandhani tangan, cacahing suwara kang absah saka para warga lumrah kang petunge luwih saka saparone cacahing warga lumrah mau iku kang dadi wêwatone putusan, dene manawa cacahing suwara kang mupakat karo kang ora mupakat padha kèhe, iku banjur diundhi.

5). Warga mirunggan iku suwarane mung dumunung pamrayoga.

6). Têmbunge kang opisil, kang dianggo rêrêmbugan ing parêpatan bale agung iku têmbung Jawa, mung manawa uwis olèh palilahe pangarsa, pangrêmbuge ing parêpatan mau kêna nganggo têmbung Walônda utawa Malayu, sakarêpe kang duwe rêmbug, sadhengah layange bale agung, iku kudu ditulis ing têmbung Jawa, dene manawa ana pêrlune kêna disisihi têmbung Walônda utawa têmbung Malayu.

Bab 9

Parêpatane bale agung kêna ditêkani utusan ingsun, utawa uwong kang dipatah dening bapa kangjêng tuwan gupêrnur ing Surakarta mupakat karo panjênêngan ingsun, apadene kongkonane pêpatih ingsun têrang dhawuh timbalan ingsun, sarta manawa ana panêmbunge arêp ngusulake sapêrlune iya kudu dililani.

Bab 10

Bale agung wênang anjaluk katrangan marang sadhengah kang dudu warga sarta kang kinira bisa awèh katrangan mau kêna dijaluk têkane ing parêpatane bale agung kang bakal ditamtokake, parlu awèh katrangane mau.

--- 125 ---

Bab 11

1. Sabên mèlu parêpatan, warga lumrah bale agung kajaba pangarsane diparingi pituwas, sarambahane kèhe rong rupiyah sèkêt sèn.

2. Wargane bale agung kang manggon sajabaning kutha Surakarta iku manawa mèlu parêpatan, sapira êntèke wragad laku sarta pamondhoke iya diparingi liru.

3. Pangarsane bale agung bakal diparingi cêcêkêlan dhuwit pêrlu kanggo ambayari pituwas sarta wragad kaya kang kasêbut ing dhuwur mau, sarta sabên sasi wajib angladèkake pêpetungan tumanjaning dhuwit cêcêkêlane mau.

Bab 12

1). Bale agung bakal ingsun paringi kanthi panitra 1, juru basa 1, utawa kuwajibane juru basa dirangkêpake marang panitra mau, sarta bêbau kantor ing saparlune, dene kuwajibane panitra mau kêna ingsun sampirake marang salah sawijining warga lumrah.

2). Sabên bale agung parêpatan panitra kang dudu wargane bale agung sarta juru basane kudu mèlu, ananging panitra sarta juru basa mau padha ora kalêbu warga.

Bab 13

Pangarsa sarta kanthine bale agung kaya kasêbut bab 12, bakal diparingi balônja utawa tulah, dene kèh sathithike panjênêngan ingsun kang nêtêpake.

Bab 14

Layang-layang bale agung kudu ditandhani tangan dening pangarsa karo panitra.

Bab 15

Kang anêtêpake pranatan laku-lakune bale agung iku panjênêngan ingsun.

Bab 16

Tumapake layang pranatan ingsun bale agung iki ingsun tamtokake ing tanggal 21 Marêt 1935.

Miturut suraosing pranatan dalêm wau, adêgipun kagungan dalêm rad bale agung punika dèrèng mawi onschendbaarheid sarta kiesstelsel, makatên wau tumrapipun têtiyang kathah dèrèng narimah, sarta mastani botên adil, dening kabeda kalihan sanèsipun,- [sanèsi...]

--- 126 ---

[...pun,-]

ewadene sarèhning sawêg nama katêmbèn, saha kawontênanipun para warga ingkang katêtêpakên wêkdal kala samantên sampun wontên 25% jêjêndhuling kaum pêrgêrakan ingkang sami kakarsakakên dados warga bale agung, nanging sarêng têtêpan warga ingkang kaping kalih pakêmpalan ingkang gadhah atêr ngajêngakên warganipun, botên dipun galih tuwin kawontênanipun para warga ingkang jêndhul-jêndhul dhatêng pêrgêrakan prasasat botên wontên, awit saking makatên punika kawontênanipun, mila inggih botên anèh manawi Parindra pang Surakarta botên sênêng manahipun. Sarèhning bab punika kala samantên sampun dados rêmbagipun P.P.S. kados ingkang kasêbut nginggil, amila Parindra lajêng ngajêngakên rêmbag punika dhatêng P.P.S. ugi nuntên karêmbag, sadaya pakêmpalan inggih sami botên narimah, saha manawi botên lajêng wontên ewah-ewahan kados usulipun P.P.S. ingkang baku, tamtu badhe kirang prayogi kawontênanipun. Putusanipun P.P.S. pêrlu damêl opênbar pêrgadring inggih ingkang dumados punika, dene têrangipun rêmbag sarta putusanipun P.P.S. wau, ing mangke badhe kaandharakên dening wakil Parindra pang Surakarta.

Satêlasing sêsorahipun wakil Narpawandawa, pangarsa lajêng ngacarani wakil Parindra (tumrap ing Kanggotan M. Suteja, tumrap ing abipraya R.P.Mr. Singgih) andharanipun kirang langkung kados ing ngandhap punika:

Juru sabda mratelakakên, bab ingkang dados rêmbag ing parêpatan dalu punika, prakawis kagungan dalêm bale agung, inggih punika ingkang minôngka rad kawulanipun praja Kajawèn, ingkang sampun nyata piguna tumrapipun nagari saha kawulanipun, mênggah pamanggih punika sayêktosipun sampun nêm taunan kapêngkêr katindakakên dening pakêmpalan B.O. Narpawandawa sarta P.P.S. nanging wohipun dèrèng marêmakên, inggih punika sababipun samangke dipun rêmbag malih, kayakinanipun P.P.S. ugêr rad kawula wau dèrèng wontên, lampahing paprentahan tamtu dèrèng sagêd sampurna sarta tindak ingkang sakarsa-karsa badhe saya andadra, môngka punika ingkang dados sirikanipun para ingkang amigatosakên dhatêng pêrluning kawula, minôngka panjagi murih tindak dede wau botên kalajêng-lajêng, marginipun botên sanès,

--- 127 ---

kajawi namung wontênipun rad kawula punika, dumugi samantên pamêdhar sabdanipun juru sabda lajêng kinêplokan ing akathah.

Minôngka purwakaning sêsorah, juru sabda mratelakakên idham-idhamanipun P.P.S. dalu punika, kawuningana, ing Surakarta ngriki wontêna rad kawula, miturut pamanggihipun juru sabda bêbadan wau kanamakakên bale agung duta kawula.

Wondene têrangipun idham-idhaman ingkang salaras kalihan jamanipun wau juru sabda anêrangakên bab kawontênanipun nagari ingkang sampun gadhah rad kawula, sanadyan sampun nate kaandharakên marambah-rambah, ewadene kados botên wontên awonipun kaandharakên malih, supados sami saya gamblang, dados botên mongga-manggu pangrêmbagipun. Taksih wontên sambêtipun.

Isinipun Organ-organ 6-7

1. Kasèp wêdalipun ... kaca 81 | 2. Turunan dhawuh pangandika dalêm, bab sêsêbutaning darah dalêm ... kaca 81 | 3. Turunan paturan kaping 18/6 '38 ôngka 73/43 bab pamaringipun pikêkah darah dalêm, ... kaca 82 | 4. Palapuran pagrêjèn Narpa taun 1937 ... kaca 83 | 5. Bab panggêsanganipun santana dalêm ... kaca 84 | 6. Warni-warni ... kaca 85 | 7. Parêpatan umum P.P.S ... kaca 88 | 8. Pananggalan Juli-Agustus 1938

Isinipun Organ Punika

1. Ngabêktèn ... kaca 113 | 2. Angsal-angsal ... kaca 115 | 3. Parêpatan umum P.P.S ... kaca 123 | 4. Pananggalan