Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1938-09, #408

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1938, #408
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1938-01, #408. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #299.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1938-02, #408. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #527.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1938-03, #408 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #528.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1938-04, #408 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #529.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1938-05, #408 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #530.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1938-06/07, #408. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #531.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1938-08, #408. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #532.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1938-09, #408 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #533.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1938-10/11, #408. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #534.

Ôngka 9, Sèptèmbêr 1938

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya Saha Wicaksana Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên sawulan sapisan, ing wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran - Surakarta. 2242 ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO '38. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasradipraja, Kapatihan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Turunan

Bab Pasowanipun Panakawan Dèn Masan

Ôngka 104/59

Sêrat paturanipun pangrèh Narpawandawa, katur wadananing putra santana dalêm têngên saha kiwa.

Kula nuwun, sasampunipun wontên tatanan kursèn ing karaton, nalika taun 1926, ing wiyos dalêm garêbêg, panatanipun pasowanan ing sewayana, para abdi dalêm panèwu mantri sapangandhap, ingkang adat suwaunipun sami sowan wontên ing ngarsa dalêm, samangke pindhah palinggihanipun dhatêng sajawining bangsal sewayana, ingkang golongan kiwa kapindhah mangilèn, dene ingkang golongan têngên dipun pindhah mangetan, sami manggèn sangandhaping wit kêpêl, môngka sangandhaping wit [wi...]

--- 130 ---

[...t] kêpêl ingkang sisih wetan wau, baku kangge pasowananipun para santana dalêm canggah minggah (panakawan dèn masan) dados papan ing ngriku sapunika katingal uyêl-uyêlan, satêmah adamêl botên sakecaning linggihipun para santana dalêm wau.

Awit saking punika anjawi kaparêngipun karsa dalêm, sampeyan dalêm ingkang sihunun ingkang minulya saha ingkang wicaksana, murih para santana dalêm wau sakeca linggihipun sarta mindhak aosipun, ugi nyuda sêsêging papan sangandhaping wit kêpêl sisih wetan, panyuwunipun pangrèh Narpawandawa pasowanipun para santana dalêm dèn masan wau, kasuwun dipun pindhah nunggil pasowanipun santana dalêm panji, lajêng turut kalihan gêgolonganipun. Mênggah punika pantês konjuk kauningan ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha ingkang wicaksana kangjêng susuhunan, utawi botên, pangrèh anyumanggakakên saha nyuwun dhawuh.

Katur kaping 1 Sèptèmbêr 1938.

Panitra: Wg. Purwasastra. Pangarsa: Wg. Suryadipura.

Pratelan Namaning Murid-murid ing Klas VII Kagungan Dalêm Pamulangan Kasatriyan tuwin Pamardi Putri, ingkang Sami Angsal Pêrklarêng utawi Klêbêt Anggèning Èksamên dhatêng H.B.S. sarta M.U.L.O.

[Grafik]

--- 131 ---

[Grafik]

Parêpatan Umum P.P.S.

Sambêtipun organ N.W. ôngka 8

Cara makatên punika anggampilakên tumindak bilih ngwontênakên sêsrawungan alit-alit, nanging manawi sêsrawunganing agêsang wau saya agêng, tamtu rêkaos sagêdipun kalêksanan, bilih kêrêp-kêrêp damêl parêpatan, angrêmbag pêrluning akathah, amila tumrap tiyang ingkang sèkèng anggèning andhatêngi pagrombolan wau, lajêng [la...]

--- 132 ---

[...jêng] anguwaosakên dhatêng tiyang ingkang sarwa-sarwi, dados sampun samêsthinipun wawênang-wawênang wau lajêng kacêpêng tiyang ingkang sarwa sêmbada, inggih makatên punika jalaranipun parêpataning para kawula lajêng sirna, ingkang ngasta paprentahan nagari inggih punika golonganipun para sêmbada wau, wiwit panjênêngan nata ngantos dumugi para satriya alit-alit, inggih cara makatên punika katêlahipun panguwaos nagari kaasta para luhur, sabab dening ngasta panguwaos punika eca, mila sintên ingkang langkung agêng panguwaosipun saya langkung ecanipun, satêmah para luhur wau lajêng rêbatan panguwaos. Manawi ingkang ngasta panguwaos ingkang agêng piyambak punika waspada, inggih tamtu botên sagêd kalampahan ingkang sami rêbatan panguwaos wau, nanging kosokwangsulipun manawi sang raja punika kirang santosa, tamtu panguwaosipun kenging dipun rêbat, wasana nagarinipun lajêng kabage-bage, wêkasan sêsrawunganipun para têtiyang wau ugi pêcah, tundonipun adamêl ruginipun para kawula.

Awit saking wontênipun makatên punika namung saking pandamêlanipun nginggil, dados sanès pikajêngipun para kawula, mila kawula lajêng singlar saking tindak makatên, rekadaya amangsulakên manunggilipun para kawula malih, pikajêngipun para kawula manunggilakên makatên punika tamtu kemawon dipun sayogyani dening sang nata, sabab dening ugi rumaos gêmpal wawênangipun, satêmah sagêd wangsul panguwaosipun dhatêng sang raja malih, nanging wangsulipun punika jalaran kabantu dening dayanipun para kawula. Sanadyan makatêna ewadene inggih taksih nama langkung prayogi tinimbang ingkang kasêbut ing nginggil, namung sarèhning sang raja punika dèrèng tamtu bilih santosa panggalihipun, mila inggih asring klèntu tindakipun, ingkang adamêl ruginipun para kawula.

Nalika kêmpalipun kawula wau saking dayanipun para luhur, manawi wontên kadadosan ingkang makatên wau, kawula lajêng andhèrèk dhatêng sanèsipun, ananging sarêng ngancik jaman manunggilipun punika botên saking dayaning tiyang satunggal, dados pancèn saking kayakinanipun piyambak nêdya manunggil, dening samasa wontên panuntun ingkang klèntu tindakipun lajêng sagêd botên susah numuti panuntun sanèsipun malih, kajawi anggondhèli tekadipun piyambak, ambujêng kêkah santosaning panguwaos, [pangu...]

--- 133 ---

[...waos,] supados wangsul kados suwaunipun.

Kabêkta saking panguwaos wau manawi dipun kèndêlakên kemawon, malah lajêng kangge gêgaran tumindak ingkang botên samêsthinipun, satêmah kawula lajêng gadhah panyuwun, supados wontên watêsipun, sarta wontêna ingkang ngulat-ulatakên tumindaking panguwaos wau, amung bilih kados ingkang kasêbut ing ngajêng, kawula botên sagêd angguyêngakên rêmbagipun ing parêpatan, amila lajêng matah tiyang ingkang kapitados angawasakên, lajêng awujud badan wakiling kawula ingkang adêgipun cêlak kalihan paprentahan nagari.

Gandhèng kalihan andharan kasêbut lajêng ngawontênakên pitakenan: punapa samangke sampun mangsanipun, sarta punapa sampun mungguh utawi sampun laras bilih ing Surakarta dipun wontêni bale agung wakiling kawula wau? Kados sampun têtela bilih ing sapunika jaman sumangêting kabangsan sarta manunggil, nanging emanipun siti kita ngriki punika dados jajahan, lan sawêg ing salêbêting kapêtêngan, dening dayanipun môngsa rêkaos (malaisê) sapunika. Jaman kabangsan punika ugi atêgês jaman manunggil, inggih punika: manunggilipun tiyang sagolongan ingkang sampun yakin dhatêng lêrêsipun bilih nunggil sabôngsa, dados manunggilipun wau botên saking kadayan tiyang satunggal kemawon, mila sampun samêsthinipun manawi warganing kabangsan punika amanah tatanan nagari, ingkang supados botên tansah anacad sarta agrênêng tuwin tansah damêl mosi kemawon, dados sampun wajibipun kêdah tumindak piyambak. Kados sampun lêrêsipun tiyang ingkang tansah nênacad sarta botên marêm wau kapasrahan supados tumindak piyambak, murih botên namung tansah nênacad kemawon, awit manawi botên makatên punika nama urik. Supados kawula botên tansah makatên kemawon, sampun samêsthinipun bilih lajêng kasukanan wawênang tumut nata paprentahan, sarana dipun wontêni bêbadan wakiling kawula, kados idham-idhamanipun P.P.S. wau.

Ing ngriki lajêng nuwuhakên pitakenan: awit saking siti kita punika dados jajahan, punapa sampun salaras manawi ing praja Kajawèn dipun wontêni bêbadan wakiling para kawula? Nitik kawontênan ing bawah guprêmenan, pancèn sampun sapantêsipun, malah pancènipun sampun pintên-pintên dasa taun kapêngkêr.

--- 134 ---

Salajêngipun juru sabda mratelakakên kawontênan bab punika ing bawah guprêmenan, ing nalika salêbêtipun taun 1901 Tuwan Phok warganing sêtatên jendral, mitêrangakên: kadospundi lampahipun nyaèkakên siti Indhonesiah, ingkang gêsangipun sagêd kalayan tamtu? Wangsulanipun pimbak:piyambak. lampahipun kêdah sarana ngwontêni ewahing tatanan nagari, amargi miturut punapa ingkang sampun dumados sapunika, adêging parentah punika amung gumantung saking panimbang-panimbang kemawon, punika kadangon lampahipun, tôndha pasaksènipun Tuwan Phok, suka tuladhan upaminipun: icaling monopoli kopi kemawon rampungipun sampun pintên-pintên dasa taun, dene wontênipun rêndhêt lampahipun wau, sanès lêpatipun para ministêr dalah sapunggawanipun, nanging sabab saking lampahing tatanan nagari dèrèng sae, awit saking punika prayoginipun dipun wontêni bêstir dhesèntralisasi (bestuur decentralisatie) awujud platsêlêk sèlêpbêstir (plaatselijk zelfbestuur) ingkang kawênangakên nata babagan artanipun piyambak, sarta damêl tatanan warni-warni tumrap bawahipun piyambak-piyambak.

Mênggah pikajêngipun Tuwan Phok wau dumadosipun lajêng wontên pintên-pintên bêbadan wakiling para kawula taun 1903 amung sayêktosipun pamanggih bab tatanan dhesèntralisasi punika tuwuhipun sampun wiwit kala taun 1883 saking usulipun Ministêr Pan Dhalêm, wontên ing twèdhê kamêr, kala samantên Tuwan Pan Dhalêm wau sampun kagungan rancangan bêbadan wakiling para kawula ingkang sawarni rad kawula, nanging pangrêmbagipun ngantos kirang langkung 25 taun, sawêg sagêd gumana.

Ing taun 1916 Ministêr Tuwan Plèitê ngajêngakên rancangan bêbadan wakiling para kawula, ingkang lajêng awujud rad kawula sapunika, ingkang baku pikajêngipun paring wawênang dhatêng kawula ing Indhonesiah andhèrèk rêrêmbagan, tumrap kabêtahanipun piyambak. Makatên punika sêrat-sêrat kabar Walandi sarta Indhonesiah sami mastani bilih sampun salaras. Salajêngipun kala ing taun 1922 lajêng wontên tatanan dhesèntralisasi, ingkang langkung wiyar têbanipun, sarta sajatosipun sampun dados idham-idhaman nalika ing taun 1914 inggih punika wontênipun rad propènsi tuwin rad kabupatèn (Provinciale-en Regentschapsraden).

--- 135 ---

Bilih badhe sumêrêp manawi bêbadan-bêbadan wau wakiling para kawula, amila juru sabda lajêng amratelakakên wawênang-wawênangipun para rad kabupatèn, inggih punika: otonomi tuwin mangrèh praja piyambak, kalayan mawi jêjêr bage-bageanipun, kados ta: damêl panitya (komisi) ingkang nindakakên pandamêlan, bab têtêp pocot, tuwin nata balanjanipun para punggawa, angrencangi cêkaping kabêtahan ing bawahipun, kalayan nyuwunakên dhatêng G.G. sarta rad kawula sasaminipun, nêtêpakên rancangan bab lêbêt wêdalipun arta, ngwontênakên pajêg-pajêg, ngwontênakên tatanan ingkang pêrlu-pêrlu, sarta ugi wênang damêl anggêr ukum, wênang têtumbas, nyade, anggantosakên, nyewakakên barang-barang, namung tumrap manawi badhe nyambut arta punika kêdah mawi idinipun Gedeputeerden provincie raad, dados miturut ingkang kasbut ing nginggil, bêbadan ingkang asor kemawon sampun sawarni bêbadan wakiling para kawula, langkung malih bêbadan wakiling para kawula ingkang langkung luhur.

Amila sanadyan siti kita wau dados siti jajahan, nanging miturut kawontênan ing bawah guprêmenan, sampun salayakipun bilih ing ngriki dipun wontêni bêbadan wakilipun kawula, saha nama sampun laras kalihan jamanipun.

Wontên pitakenan malih: punapa inggih amung ing bawah guprêmenan kemawon, ta, ingkang dipun wontêni bêbadan wakiling kawula wau? Sawangsulipun ing karajan Jawi kaanggêp dèrèng mangsanipun dipun wontêni rad-rad wau, punika punapa sababipun? Môngka nitik kamajêngan tuwin kasagêdanipun para kawula ing karajan Jawi punika miturut sêsêrêpanipun juru sabda botên wontên bedanipun kalihan para sadhèrèk ing bawah gupêrmenan, malah manawi kangge jalaran ajrih bilih botên laras kalihan karaton, punika inggih botên pikantuk, amargi kala ing taun 1919 sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha ingkang wicaksana kangjêng susuhunan, sarta pakêmpalan Narpawandawa sampun nyuwun wontênipun gêmintê rad ing Surakarta.

Miturut rancangan adêgipun bale agung, sampun salayakipun gêmintê rad wau kaadêgakên dening gupêrmèn, nanging malah wusananipun kapabênan, amargi manawi gêmintê [gê...]

- -- 136 ---

[...mintê] rad wau dipun adêgakên dening guprêmèn, punika namung badhe kangge nindakakên bab- bab ingkang kuwasanipun kaasta guprêmèn, dene ingkang kenging katindakakên dening parentah Kajawèn, inggih namung tatan-tananan ingkang tumrap kawulanipun wêwaton prajanjian dalêm, awit saking makatên punika nuwuhakên pamanggih, prayoginipun gêmintê rad wau dipun wontêni dening karajan Jawi piyambak, amila lajêng karêmbag kalihan panjênêngan dalêm nata, kalampahan kala taun 1920, tuwan dhirèktur B.B. dhatêng ing karajan Jawi, nglajêngakên ngrêmbag bab gêmintê rad wau, ingkang sawêg nêdhêng-nêdhêngipun kapundhutakên rêmbagipun para kawula. Gandhèng kalihan sawêg rame-ramening rêmbag ing rad kawula, sadhèrèk Dhoktêr Cipta anêsêgakên rêmbag bab wontênipun gêmintê rad ing praja Kajawèn wau, sarta dhirèktur B.B. Tuwan Broekveld kalayan têrang dhawuhipun gupêrmèn, mêdal kasagahanipun badhe amblabagi piyambak dhatêng Surakarta sarta Ngayogyakarta, wêkasan usulipun Tuwan Dhoktêr Cipta lajêng kaunus.

Mênggah rêmbagipun dhirèktur B.B. Tuwan Broekveld wau para nata Jawi sampun nyondhongi, malah tumrapipun praja Surakarta sampun kala taun 1919 anggènipun rujuk dipun wontêni gêmintê rad wau, bab punika gupêrmèn lajêng maringi katrangan dhatêng rad kawula, anuntên tuwan adpisir dhesèntralisasi kadhawuhan angrancang adêgipun gêmintê rad ing Surakarta sarta ing Ngayogyakarta, kalayan katamtuan, bilih gêmintê rad wau kaadêgakên piyambak dening para nata Jawi, sarta tumindakipun sampun ngantos anggêmpal panguwaos tumrap sêsilahaning kawula. Para kawogan sami nglairakên kawratanipun tumrap adêging gêmintê rad wau, wêkasan ing taun 1923 gupêrmèn paring katrangan, bilih saking pamanggihipun parentah luhur kirang prayogi manawi ing Surakarta tuwin Ngayogyakarta dipun wontêni gêmintê rad.

Dene ingkang anjalari rêkaosipun gêmintê rad ing praja Kajawèn punika, awit saking badhe icalipun pilah-pilahing kawula gupêrmèn ingkang sami dêdunung wontên ing karajan Jawi, badhe dados kawulanipun para nata Jawi, awit manawi kalampahan dipun icali, badhe lajêng botên cocog kalihan ungêling prajanjian bab pêpilahaning kawula wau. Manawi icaling pêpilahanipun kawula punika [pu...]

--- 137 ---

[...nika] kalêksanan, pancènipun inggih sampun salaras kalihan jamanipun, malah miturut ngadilipun bab punika sagêd tumindak sak Indhonesiah. Mênggah kawontênanipun para nata Jawi kalihan kawulanipun, punika beda sangêt kalihan kawontênan ing tanah Sabrang. Adêgipun panitya (Commissie) gupêrmèn ingkang kadhawuhan ngaturakên panimbang bab icaling pêpilahan kawula wau kala ing taun 1926, sarta palapuranipun sampun kaladosakên nalika ing taun 1929, bab punika pancèn sungil sangêt, mila ngantos dumugi sapriki inggih dèrèng rampung pangrêmbagipun.

Wondene ingkang sangêt riwilipun prakawis adêging gêmintê rad wau, inggih punika bab amung kangge ing salabêting kitha kemawon, dados para kawula ing sajawinipun kitha botên badhe kakengingakên pajêg gêmintê, môngka caranipun ing praja Kajawèn punika taksih nglastarèkakên tatanan cara kina, dados têbih sungsatipun kalihan badhe tatanan anyar wau, awit saking ngicali tatacara kina punika ugi angèl, amila prayogining tumindak mêndhêt têngah-têngah.

Tumrap panatanipun pasitèn ing karajan Jawi, tumindakipun sawêg sadasa taun sapriki, dados panggêsanganipun para kawula dèrèng sagêd mapan, amila manawi katindakakên tatanan anyar, kalampahanipun saking sakêdhik, kalihan ngêntosi mapanipun para kawula, kajawi punika ugi prêlu dados panggalihan, bab badhe sudaning panguwaos dalêm, ingkang kalumuntakakên dhatêng gêmintê rad wau. Sasampunipun riwil-riwilan sawatawis punika dados panggalihan, ingkang kawogan, lajêng ngaturi panimbang, prayogi ngwontênakên rad nagari rumiyin. Pranatanipun nulad rad nagari ing Surakarta, kasêbut ing sêrat kabar nagari taun 1918 ôngka 26 tuwin taun 1923 ôngka 1, awit saking punika kantor dhepartêmèn B.B. lajêng angrancang tatanan adêgipun rad nagari, ingkang salajêngipun dados bakuning rêmbag kala ing taun 1925 kalihan para wakilipun praja Kajawèn, tuwin para sagêd bôngsa Jawi, sasampunipun rancangan wau dipun sumêrêpi, pamanggihipun Narpawandawa kala taun 1921 saha 1928 lajêng damêl rancangan, inggih kados kawontênan sapunika.

Dados ingkang dados pêpalang ingkang sayêktos punika prakawis icalipun

--- 138 ---

exterritorialiteit tumrap kawula guprêmèn ingkang dêdunung ing bawahipun praja Kajawèn, sabab ngèngingi bakuning sêsambêtanipun pamarentah kalihan karajan Jawi, dene sabab ingkang sanès-sanèsipun punika botên maton sadaya, upami sabab saking gêsanging sêsrawunganipun para kawula ing praja Kajawèn ingkang têbih sungsatipun kalihan tatacara dhesèntralisasi, ingkang botên salaras kalihan tatanan wontênipun gêmintê rad wau, mila manawi nitik suwaranipun pakêmpalan, Narpawandawa tuwin suwaranipun sêrat-sêrat kabar Darmakôndha, Timbul, pakêmpalan-pakêmpalan B.O. P.P.K.D. P.K.N. sarta sadaya pakêmpalan ingkang wontên P.P.S. têrang bilih sabab ing nginggil wau botên lêrês, saha manawi nitik sêrat-sêrat Jawi, sampun wontên wiji ingkang ngênêr tatanan ingkang salaras kalihan pangajêng-ajêngipun P.P.S. kados kasêbut ing Sêrat Raja Kapa-kapa, kawula punika karêngkuh kados brayating nata sampun samêsthinipun angsal gêmpalaning wahyu, pangkat sarta kaluhuran, miturut babad majapait ugi sampun wontên bêbadan saking wakilipun kawula.

Dumugi ing ngriki juru sabda lajêng tuwuh pitakenanipun.

1. Punapa guprêmèn punika pancèn salami-laminipun badhe mêngkoni siti wutah rah kita?

2. Gandhèngipun kalihan punika, punapa guprêmèn wau nêdya nyuda panguwaosipun para nata Jawi?

3. Punapa wontên botên pitadosipun guprêmèn dhatêng karajan Jawi, kuwatos manawi ing têmbe karêbat paprentahanipun sarana brontakan?

Manawi pitakenan-pitakenan wau kapitakèkakên kalayan têrang-têrangan miturut wangsulanipun ingkang sampun, tamtu kajawab: botên.

Ananging palapuran-palapuran bab-bab ingkang gandhèng kalihan bêbadan wakiling kawula, upaminipun palapuranipun saking komisi Exterritorialiteit lajêng kadamêl wados, lan taksih kathah malih ingkang kangge wados, ingkang lêrêsipun pantês kasumêrêpan ing akathah.

Sanadyan makatêna, kajawi suwaraning "Vaderlandsche Club" sarta sasaminipun, dèrèng wontên ingkang nêrangakên, bilih pikajêngipun bôngsa ingkang mêngkoni tanah

--- 139 ---

Indhonesiah punika pancèn badhe salami- laminipun.

Parentah piyambak sampun marambah-rambah nêrangakên, bilih anggènipun nuntun anggulawênthah Indhonesiah punika, sanadyan têrus gêgandhengan kalihan nagari Walandi, ngantos dumugi mardika, tumrapipun krajan Jawi badhe katuntun supados sagêd jumênêng pribadi (Volkomen Zelfbestuur).

Manawi wêdharing pangandika wau kalayan wêdaling panggalih suci, sampun sapantêsipun karajan Jawi kaparingan bêbadan wakiling kawula, ingkang botên amung kaparingan wawênang ngaturakên panimbang kemawon, sanèsipun wênang nêtêpakên lêbêt wêdalipun arta (budget recht) wênang damêl tatanan ingkang pêrlu-pêrlu, lan sasaminipun, apêsipun kawênangakên kalihan rad kawula, utawi kados idham-idhamanipun Narpawandawa B.O. P.P.K.D. P.K.C. P.K.N. sêrat kabar Sêdyatama, Darma Kôndha, sarta P.P.S.

Juru sabda botên badhe ngandharakên malih bab bale agung ingkang sampun kaandharakên satêrang-têrangipun, juru sabda amung pitakèn: punapa munduripun bêbadan wakiling kawula punika saking jaman rêkaos punika? Miturut pamanggihipun juru sabda manawi sabab saking makatên nama botên mapan, amargi wêgdal môngsa malaisê sampun mangsanipun para kawula wau, andhèrèk ngrêmbag kabêtahaning nagarinipun, jalaran jaman malèsèt punika jaman ingkang susah sarta sungil, upaminipun, nyuda blônja, nambahi sêsanggèn pajêg, nata kaum pangangguran, nata panggêsanganing kawula supados botên dados kurbaning malaisê, sasaminipun ingkang pêrlu-pêrlu, awit manawi botên katata kalihan para kawula, sagêd ugi môngsa malèsèd wau ambêbayani, punapa malih kawula ugi kêpengin nyumêrêpi tumanjanipun arta ingkang saking kringêtipun, sarta saking tanah wutah rahipun, dados sampun samêsthinipun tuwin botên wontên awonipun, pamarentah mituruti pêpenginan bêbadan wakilipun kawula ing praja Kajawèn punika, sarta botên wontên awonipun malih pamarentah nglilakakên panguwaosipun sakêdhik, kalayan botên ambedak-bedakakên kawula ing guprêmenan kalihan kawula ing praja Kajawèn, ngiras andadar saperanganing kawula bôngsa Indhonesiah, punapa pancèn sampun sagêd mangrèh badanipun piyambak, lajêng madêg piyambak, kalayan lampah makatên pamarentah sagêd tumindak [tu...]

--- 140 ---

[...mindak] ingkang salaras kalihan ingkang kaaturakên ing nginggil.

Minôngka panutupipun juru sabda, juru sabda angajêng-ajêng mugi parêpatan dalu punika angsala wahyuning Pangeran, sagêda kadumugèn sêdya, pêpenginanipun kados ingkang kawarsita ing ngajêng.

Satêlasing sêsorahipun wakil Parindra, lajêng karêmbag sawatawis, putusanipun parêpatan ing dalu wau damêl mosi (bakuning mosi kadamêl ing têmbung Walandi) dene santunipun ing têmbung Jawi kados ing ngandhap punika:

Mosi

Nalika tanggal kaping: 12/13 Juli 1938 pirukunaning pakêmpalan politik Surakarta (P.P.S.), damêl parêpatan umum, wontên ing Kanggotan saha ing Abipraya, dipun dhatêngi para warganing pakêmpalan warni-warni, para kawula Surakarta, tuwin para wakilipun sêrat-sêrat kabar, sadaya watawis wontên ... sasampunipun amirêngakên andharanipun para juru sabda, salajêngipun angrêmbag bab bale agung, parêpatan ing dalu wau amutus damêl mosi, kados ing ngandhap punika:

1. Bale agung ingkang samangke punika, miturut tatanan lan tumindakipun botên marêmakên ing akathah.

2. Sanadyan parêpatanipun bale agung sampun kadamêl blak-blakan (opênbar), ewadene jêjêring wêwênangipun bale agung wau amung sak ngaturakên pamrayogi, mila punika dèrèng kenging dipun anggêp satunggaling kamajêngan. Sanadyan kamajêngan punika kaangkah namung kangge wiwitan maringi wêwênang dhatêng kawula tumut ngrêmbag parluning praja.

3. Mila jêjêring bale agung punika kêdah kaewahan dados bêbadan kawakilan, sanadyan ingkang makatên wau sawêg sagêd katindakakên ingkang kawitan.

4. Awit saking ingkang kasêbut nginggil wau, tatananipun bale agung ingkang parlu-parlu prayogi kaewahan kados ing ngandhap punika.

5. a. Ingkang dados warganipun bale agung punika sadaya bôngsa ingkang dumunung ing wêwêngkonipun praja dalêm ing Surakarta, dene kathah sakêdhikipun satimbang kalihan [kali...]

--- 141 ---

[...han] kathahing cacah jiwanipun ingkang dipun wakili (dados ingkang kathah cacah jiwanipun, wakilipun inggih kathah).

b. Prayogi tumuntên kawontênakên tatanan pilihan warga.

c. Sadèrèngipun wontên tatanan pilihan para warga wau kawisudha rumiyin, dene pamisudhanipun wêwaton pamrayoginipun para pakêmpalan ingkang sami ambêtahakên bale agung.

6. Bale agung kaparingan wêwênang angrêmbag sarta nata.

A. Rantaman lêbêt wêdalipun arta nagari.

B. Tumanjanipun tirahan arta tuwin rêsikipun pêpetangan.

C. Bab nyambut nyade, anggantosakên, nyewakakên utawi ngêbasakên raja darbe nagari.

D. Damêl pranatan ingkang ambêbahi sêsanggènipun kawula, ngewahi pranatan, ngaturi pranatan anyar, ngaturakên ewah-ewahan rancangan pranatan ingkang saking nagari, nyuwun katrangan dhatêng nagari (interpellatie) tuwin damêl mosi.

7. Sadaya parêpatanipun bale agung kadamêl blak-blakan.

8. Sadaya aturipun para warganing bale agung wontên ing parêpatan, ijêman utawi mawi sêrat linêpatna ing sêrêganing pangadilan saha pasuwitan.

9. Basa ingkang baku kangge ing parêpataning bale agung punika basa Jawi, nanging ugi kenging ngangge basa Malayu lan Walandi.

10. Manut ewah-ewahan kasêbut ing nginggil, lajêng tatanan praja (Ind. Inrichting) prayogi dipun ewahi, inggih punika sadaya bôngsa ingkang manggèn wontên ing bawah dalêm Surakarta kadadosna kawulanipun karajan Jawi.

Wasana lajêng kaputus, ngaturakên mosi punika dhatêng:

Ingkang wicaksana guprênur jendral.

Polêksrad, praja Kajawèn, bale agung, sêrat- sêrat pawarti

--- 142 ---

Kawruh Têtakan

Sambêtipun organ narpa ôngka 4

Wadhah kaêsokana sêpiritus dhilitus utawi brand spiritus sakêdhik, lajêng kasumêd, manawi latunipun sampun pêjah, wadhah wau sampun sêtèril, punika namanipun kaplambir (flambeer) manawi wadhah wau sampun sêtèril, ugi botên kenging gêgêpokan kalihan barang sanèsipun ingkang dèrèng sêtèril, amila tangan ingkang badhe kangge nyêpêng pirantos ingkang sampun sêtèril, manawi tanganipun dèrèng sêtèril, kêdah mawi sapit ingkang sampun sêtèril. Dene prayoginipun ingkang kangge wadhah pirantos kasêbut ing nginggil wau bangsaning bêling, barlin utawi panci, paedahipun gampil dipun sêtèril. Ewadene manawi bong badhe nêtaki kalayan kasêsa, dening ambujêng sangat sasaminipun, rêbat cêkap pirantos wau dipun plambir wontên ing wadhahipun, lajêng dipun kum wontên ing lisol, dene manawi sogok lan japitipun wau dêling utawi kajêng, kenging kaêcor ing toya umob. Tumrap anêtaki lare langkung saking satunggal, patrapipun pirantos-pirantos ingkang mêntas kangge lare ôngka sapisan, cêkap lajêng dipun girah lisol, utawi dipun kêsuti kapuk mawi ètêr (ether). Pirantos-pirantos ingkang mêntas kangge, lajêng badhe kasinggahakên, inggih prayogi kasêtèril rumiyin.

Patrapipun anêtaki, anjampèni sasampunipun ris, sarta tumindaking têtulung manawi êrah mêdal têrus-têrusan, bloeding kados ngandhap punika:

I. Ikut ingkang badhe dipun iris, kaleletan yodhiyum tintir (jodium-tinctuur) 10% (steriel)

II. Pangirisipun dipun angkah sampun ngantos anrajang urat gêsang (arterie slagader) prêlunipun supados botên ngêdalakên rah kathah (bloeding) amila panggenan ingkang kangge ris, prayogi milih papan ingkang padhang, wigatosipun bong sagêd namatakên bayu-bayu, awit saking punika adhêpipun krobongan têtakan punika majêng mangetan, sabab risipun lare têtak punika limrahipun wanci enjing.Seharusnya hlm. 143.

--- 243 ---

III Bêlèk utawi timpal, punika manut ing kawontênan, liripun: manawi ikutipun cêkak, utawi manawi kasapahipun sampun katingal, kajawi panêdhanipun ingkang gadhah prêlu, punika cêkap namung kabêlèk, dene manawi wontên ikut bruntu sasaminipun, môngka bong sampun botên kadugi anggarap piyambak, punika kêdah lajêng pasrah dhatêng dhoktêr. Mila sadèrèngipun dumugi têmpuking prêlu, prayogi dakaring lare ingkang badhe têtak, kapriksa rumiyin.

Wondene panganggenipun kloritil (Chlooraethijl) manawi sogok sarta japit sampun mapan ing dakar, lajêng kloritil wau dipun curakên dhatêng pundi ingkang badhe kairis, kathah kêdhikipun dugi-dugi. Mênggah paedahipun dipun curi kloritil punika nyingkirakên rah lan nyuda sakit bilih dipun iris, kenging katêmbungakên patirasa. Ing sadèrèngipun dipun curi kloritil wau, panggenan ingkang badhe dipun iris, kêdah kaleletan yodhiyum tintir (Jodium tinctuur) kados ingkang kasêbut nginggil, prêlunipun supados sêtèril kulitipun.

Sasampunipun rès, lajêng dipun jampèni sarta dipun prêban (verbanden) tatunipun botên kenging kagêpok dening tanganipun bong. Dene jampinipun kados ta: dhermatol (dermatol) pribalsêm (perubalsem) bursalêp (boorzalf) tuwin yodhoporêm (jodoform). Mênggah panganggenipun dhermatol utawi pribalsêm, sanalika mêntas kairis, wondene tumrap panganggenipun bursalêp utawi yodhoporêm, manawi sampun sawatawis dintên sarta namung manawi katingal dados mala. Taksih wontên sambêtipun.

Isinipun Organ Narpawandawa

... Kaca

1. Turunan, bab pasowanipun panakawan dèn masan. Katur kaping 1 Sèptèmbêr 1938 ôngka 104/59 ... 129 | 2. Pratelan namaning murid-murid ing Kasatriyan tuwin Pamardi Putri, ingkang sami angsal pêrklarêng utawi klêbêt anggèning eksamên ... 130 | 3. Parêpatan umum P.P.S ... 131 | 4. Mosi ... 140 | 5. Kawruh Têtakan ... 142 | 6. Pananggalan