Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1938-10/11, #408

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1938, #408
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1938-01, #408. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #299.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1938-02, #408. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #527.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1938-03, #408 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #528.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1938-04, #408 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #529.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1938-05, #408 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #530.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1938-06/07, #408. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #531.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1938-08, #408. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #532.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1938-09, #408 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #533.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1938-10/11, #408. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #534.

Ôngka 10-11, Oktobêr, Nopèmbêr 1938

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya Saha Wicaksana Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên sawulan sapisan, ing wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran - Surakarta. 3594 ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO '38. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasradipraja, Kapatihan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Bab Pangadilanipun Putra Santana Dalêm

Nuwun, anêtêpi putusanipun parêpatan warga taunan wontên ing dalêm Suryaamijayan, nalika tanggal kaping ... panitya Narpawandawa babagan pangadilan sasampunipun angsal prabot cêtha prakawis satunggaling santana dalêm ingkang gêgriya wontên ing Têgal, kenging prakawis, lajêng kaputus ing landrad. Panitya ing nginggil sampun lapur dhatêng pangrèh kanthi ngaturakên pamanggihipun, wosipun, sarèhning prakawis wau anamani dhatêng para santana dalêm saumumipun, amila panitya mrayogèkakên karêmbag kalihan para pakêmpalanipun para darah, inggih punika: Sangkara Mudha (darah Kasultanan), darah Mangkunagaran, saha Abidarma Warga (darah Pakualaman). Ugi sampun kalampahan karêmbag, golonging rêmbagipun para [pa...]

--- 146 ---

[...ra] pakêmpalan darah, sami gadhah atur dhatêng ingkang sami jumênêng ngasta prajanipun piyambak-piyambak. Tumrap Narpawandawa turunan sêrat paturanipun kados ing ngandhap punika.

Turunan

Bab Pangadilanipun Santana ing Sajawining Bawah Dalêm

Ôngka 114/65

Sêrat paturanipun pakêmpalan Narpawandawa, katur wadananing putra santana dalêm têngên saha kiwa.

Kula nuwun, ingkang kula aturakên, pakêmpalan Narpawandawa mêntas sarêmbagan kalihan para pakêmpalan darah sanèsipun, inggih punika: Sangkara Mudha, darah Mangkunagaran, saha Abidarma Warga, bab pangadilanipun santana dalêm. Golongipun rêmbag, kados ing ngandhap punika.

Nuwun, sasampunipun pangadilan dalêm kasuwak utawi kasuda, ingkang lajêng dados bêbahanipun pangadilan landrad utawi pangadilanipun kangjêng guprêmèn sanèsipun, lajêng wontên tatanan tumrap pangadilan ingkang taksih wontên ngasta dalêm, kawrat wontên ing sêtasêblad, taun 1903 ôngka 7, saha 8. Tatanan wau lêlajênganipun kaewahan malih, kawrat ing sêtatsêblad taun 1917 ôngka 127, tumrap ing Ngayogyakarta, saha sêtatsêblad taun 1907 ôngka 516, taun 1925 ôngka 682, tuwin taun 1933, ôngka 442, tumrap ing Surakarta. Bakuning tatanan wau para putra santana dalêm dumugi grad IV kalêbêt ingkang amung katarik saking salakirabi, taksih kawêngku ing pangadilan dalêm piyambak, kajawi ingkang dados abdinipun kangjêng guprêmèn.

Nalika samantên saha inggih ngantos dumugi wêkdal punika, tatanan wau sagêd ugi kagalih sampun nyêkapi, amila inggih botên wontên rêmbag punapa-punapa. Amung sawatawis wulan ingkang kapêngkêr punika wontên sawênèhing santana dalêm ing Ngayogyakarta, ingkang dêdunung wontên ing Têgal kenging prakawis, kawontênan wau anjalari gèsèhipun pamanggih ing antawisipun pangadilanipun bôngsa Eropah saha pangadilanipun tiyang siti, nuntên katêtêpakên dening uhgêrèhoph, bilih [bi...]

--- 147 ---

[...lih] ingkang kalêrês wajib ngadili pangadilan landrad, kadosdene têtêdhakan karampungan (arrest) ingkang kaaturakên asarêng punika.

Mênggah ingkang kangge wêwaton nêtêpakên, pangadilan pundi ingkang wênang ngrampungi wau, inggih punika sêtatsêblad taun 1867 ôngka 10 wontênipun makatên, amargi sêtatsêblad ingkang adatipun kangge wêwaton wau sêtatsêblad taun 1903, sapiturutipun, kados ingkang kasêbut ing nginggil, punika kaanggêp namung tumprap para santana dalêm ingkang dêdunung wontên ing Surakarta utawi Ngayogyakarta. Dene sêtatsêblad taun 1867 wau, amranata pangadilanipun para nata saha para bupati sasaminipun ing tanah guprêmenan. Sanadyan ing ngriku ugi nyêbutakên para nata, nanging pamanggihipun Narpawandawa ingkang kinajêngakên namung nata ing sabrang, amargi taun 1867, pangadilanipun para nata ing praja Kajawèn taksih jangkêp. Wondene sêtatsêblad taun 1867 wau, têbanipun kawon wiyar manawi katandhing kalihan sêtatsêblad taun 1903, sapiturutipun, ingkang kangge waton ing praja Kajawèn, sapanunggilanipun. Ingkang makatên wau pamanahipun Narpawandawa, bokmanawi namung saking kalepyan, utawi nalika samantên ugi dèrèng kathah para santana dalêm ingkang manggèn wontên ing sajawining nagari dalêm Surakarta utawi Ngayogyakarta. Awit saking punika sarèhning samangke kawontênanipun beda, inggih punika: para santana dalêm wau pamanggènipun sampun saya sumêbar, amila prêlu dados panggalihan, nusuli tatanan anyar, dados botên amung nunut wêwaton ingkang lêrêsipun amung tumrap para nata ing sabrang wau. Makatên ugi pêrlu wontên tatanan tumrap santana dalêm ingkang dêdunung wontên ing bawah dalêm, nanging dados abdinipun kangjêng guprêmèn, amargi wontên ingkang gadhah pamanggih bilih sêtatsêblad taun 1867, wau botên tumrap kawontênan ing praja Kajawèn, dados nunut wêwaton ingkang tumrap santananipun para nata ing sabrang kemawon mêksa botên sagêd, têgêsipun: sadhengaha nalar saha gradipun badhe namung kawêngku ing landrad. Bab punika sampun kabukti nalika sadèrèngipun ewah-ewahan sêtatsêblad taun 1933, Kutha Gêdhe kaanggêp mêdal saking wêwêngkonipun pangadilan dalêm pradata agêng, punika wontên sawênèhing santana dalêm wau katêtêpakên kawêngku ing landrad. [la...]

--- 148 ---

[...ndrad.] Pasêksènipun malih, santana ing kadipatèn Pakualaman ingkang kenging prakawis, punika sanadyan wontên ing wêwêngkonipun piyambak, sarèhning botên kagungan pangadilan, dhumawahipun dhatêng pangadilanipun kangjêng guprêmèn inggih namung dhatêng landrad, dados botên dhatêng pangadilanipun bôngsa Eropa.

Nuwun, awit saking ingkang kaaturakên ing nginggil wau sadaya, amila pakêmpalan Narpawandawa sêsarêngan kalihan para pakêmpalan darah sanèsipun, inggih punika: Sangkara Mudha, Darah Mangkunagaran, saha Abidarma Warga, kumêdah saos unjuk wontêna kaparêng dalêm sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha ingkang wicaksana, angrêmbag kalihan kangjêng guprêmèn, angwontênakên tatanan tumrap para santana dalêm ingkang masthinipun kawêngku ing pangadilan dalêm piyambak, punika manawi wontên palèsèdipun, dening sabab warni-warni, kados ta: kabêkta saking pamanggènipun ing tanah guprêmenan, dados abdinipun kangjêng guprêmèn, utawi nindakakên palanggaran wontên ing tanah guprêmenan, sapiturutipun, punika sagêda lajêng kawêngku ing pangadilanipun bôngsa Eropah.

Nuwun, prakawis punika panggalihanipun prêlu karancagakên, amargi botên namung santana dalêm alit dumugi wayah, kados ingkang sampun kalampahan kemawon, nanging sagêd minggah dumugi putra dalêm, manawi kenging prakawis ingkang mêdal saking wêwêngkonipun pangadilan dalêm, punika dhumawahipun badhe namung wontên ing landrad utawi ing lan-gêrèh, kabêkta saking putraning nata ingkang sampun swarga, saha sanadyan putraning nata ingkang taksih jumênêng, bilih kenging prakawis palanggaran sapanunggilanipun, wontên ing bawah Ngayogyakarta, utawi kosokwangsulipun, putraning nata ing Ngayogyakarta ingkang taksih jumênêng, kenging prakawis palanggaran sapanunggilanipun wau, wontên ing bawah dalêm Surakarta, badhe sami amung kawêngku pangadilanipun tiyang siti limrah, amargi kados ingkang sampun kaaturakên ing nginggil, sêtatsêblad taun 1867 ôngka 10, punika kaanggêp botên tumrap ing praja Kajawèn, dene manawi awit saking paturanipun pakêmpalan Narpawandawa ing nginggil wau, tatanan tumrap darahing para nata ing sabrang kagalih prêlu katurutakên, pamanahipun Narpawandawa inggih prayogi.

Nuwun, mênggah punika salajêngipun konjuk ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang

--- 149 ---

sinuhun ingkang minulya saha ingkang wicaksana kangjêng susuhunan, pangrèh Narpawandawa anyumanggakakên wadananing putra santana dalêm têngên saha kiwa, saha nyuwun cumadhong dhawuh.

Katur tanggal kaping 29 Oktobêr 1938.

Pangarsa: Wg. Suryadipura

Panitra: Wg. Purwasastra

AFSCHRIFT

IN NAAM DER KONINGIN

Het Hooggerechtshof van Nederlandsch-Indie (Tweede Kamer),

Galezen de stukken van het gerechtelijk onderzoek in de zaak van den beklaagde Raden ten rechte Raden Mas Saleh Soerjodibroto, oud 29 jaren, geboren te Tegal en wonende eveneens te Tegal kampoeng Mangoendipoeran No. 36, van beroep landbouwer, en het in die zaak door den Politierechter te Pekalongan op 28 Mei 1937 gewezen en uitgesproken vonnis, waarvan het dictun lu'dt:

Verklaart de schuld van den in hoofde dezes genoemden beklaagde Raden ten rechte Raden Mas Saleh Soerjodibroto schuldig aan het voorgezette misdrijf van: "verduistering".

Veroordeelt hem deswege tot gevangenisstraf voor den duur van zes maanden:

Verwijst hem tevens in de betaling van de kosten van het geding.

Gelet op de door beklaagde op 28 Mei 1937, dus tijdig gedane aanteekening van revisie van dat vonnis;

Overwegende dat, waar beklaagde tot de eigenlijk gezegde Inlanders behoort, de Landraad ingevolge artikelen 94 en 95, 2e van het Reglement op de Rechterlijke Organisatie de bevoegde rechter is om kennis te nemen van het hem ten laste gelegde misdrijf, tenzij blijkt, dat hij terzake voor een anderen rechter moet terechtstaan;

Overwegende, dat nu dit laatste niet is gebleken, de Politierechter onbevoegd is van de onderwerpelijke zaak kennis te nemen; dat toch de omstandigheid, dat beklaagde een afstammeling is in den 4en graad van den Sultan Hamangkoeboewono II van Djokjakarta op grond waarvan de Landraad te Tegal zich onbevoegd heeft verklaard van deze zaak kennis te nemen geen wijziging vermag te brengen in de competentie van den Landraad, immers onder de in artikelen 1 en 3 letter a van Staatsblad 1867 no. 10 genoemde Inlandsche vorsten en hoofden slechts zijn te verstaan levende personen en genoemde Sultan reeds lang geleden is overleden;

Overwegende, dat derhalve met vernietiging van het vonnis de Politierechter onbevoegd behoort te worden verklaard van de onderwerpelijke zaak kennis te nemen en deze naar den bevoegden rechter, den Landraad te Tegal, moet worden verwezen;

Gelet op artikelen 302b en 186 van het Reglement op de Strafvordering.

RECHTDOENDE:

Vernietigt het vonnis, waarvan revisie;

Verklaart den Politierechter te Pekalongan onbevoegd van de onderwerpelijke zaak kennis te nemen;

Verwijst haar naar den Landraad te Tegal;

Verstaat, dat de kosten in beide instanties zullen komen ten laste van den lande.

Aldus gedaan op Dinsdag den 21sten September 1900 zeven en dertig door de Heeren Meesters E.Pino, L.M. Schoorel en J.G. Geerlings President en Raadshereeren in bijzijn van Meester K.van der Vijver, buitengewoon substituut - Griffier.

In kennisse van mij: (Wg) E. Pino

De Griffier (Wg.) L.M. Shoorel

(Wg.) van der Vijver (Wg.) J.G. Geerlings

b.s.

Voor autentiek afschrif:

De Griffier, Onleesbaar.

--- 150 ---

Turunan

Ôngka 319/16 K 90/ha

Bab Ngabêktèn

Sêratipun wadananing putra santana dalêm kiwa sarta têngên, dhumatêng pangrèhing Narpawandawa.

Wiyosipun, sêrat katitimasan kaping 17 Agustus 1938 ôngka 92/54 bab nyuwunakên wangsulipun ngabêktèn malih para santana dalêm ingkang sami dados abdi dalêm panèwu mantri, sampun lajêng kula unjukakên ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha ingkang wicaksana kangjêng susuhunan, ing saparlunipun, wondene dhawuh timbalan dalêm sampun kalilan, kawrat ing nawala amarêngi ing dintên Sênèn tanggal kaping 28 Ramêlan Jimawal 1969 ôngka 225, ingkang turunanipun kados asarêng punika, andadosna sumêrêp.

Kasêrat tanggal kaping 29 Nopèmbêr 1938.

Wadananing putra santana dalêm kiwa sarta têngên.

Wg. Adiwijaya. Wg. Kusumayuda.

(Cap asma dalêm)

Têtêdhakan

Dhawuhing Pangandika Dalêm

Ôngka 225

Ingkang dhihin salam ingsun, dhawuha marang sira Pangeran Arya Kusumayuda, wadananing putra santananingsun kiwa, Pangeran Arya Adiwijaya, kang makili wadananing putra santananingsun têngên.

Kapindhone, layang aturira katitimasan tanggal kaping 15 sasi Ramêlan, taun Jimawal iki, ôngka 299/16 sakanthine uwis ingsun uningani, bab sauwise nagara andhawuhake suwake paseban ngabêktène bocah panèwu mantri santananingsun wayah buyut canggah, pangrèh Narpawandawa nyuwunake pangapura marang

--- 151 ---

kaluputane bocah panèwu mantri santananingsun wayah buyut canggah mau kang padha seba ngabêkti ing panjênêngan ingsun nalika samana, sarta nyuwunake bali ngabêkti manèh ing panjênêngan ingsun, iku ingsun uwis amarêngake, amung sebane ngabêkti bocah panèwu mantri santananingsun wayah buyut canggah mau aja kaya kang uwis kalakon, sadurunge ingsun miyos, sauwise paseban pêpak.

Kang iku banjur dhawuhna.

Dhawuhing timbalan dalêm, ing dintên Sênèn, tanggal kaping 28 wulan Ramêlan, ing taun Jimawal angkaning warsa 1869.

Cocog kalihan lugonipun.

Wg. Sasrapangarsa

Têtêdhakan

Ôngka 334

Bab Pasowananipun Santana Dalêm Dèn Masan Sabên Grêbêg

Dhawuh dalêm, kadhawuhan dhawuhakên dhumatêng wadananing putra santana dalêm kiwa têngên, sêratipun wadananing putra santana dalêm kiwa têngên katitimasan kaping 23 wulan Ramêlan Jimawal punika, ôngka 307/16 sakanthinipun, sampun konjuk kauningan sahandhap ing sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha ingkang wicaksana kangjêng susuhunan, bab anggènipun pangrèhing Narpawandawa nyuwunakên pasowananipun para santana dalêm dèn masan wontên ing sitinggil sabên grêbêg kapindhah cêlak pasowananipun santana dalêm panji, dhawuhing timbalan dalêm, kalilanipun pindhah manggèn wontên sakiduling pasowananipun abdi dalêm panèwu mantri ordhênas, lajêng kadhawuhan dhawuhakên dhumatêng pangrèhing Narpawandawa punapadene dhumatêng para santana dalêm dèn masan, wiwit wiyos dalêm grêbêg Siyam Jimawal punika.

Salasa tanggal kaping 29 Ramêlan Jimawal 1869

Abdi dalêm bupati èstri: W.G. Soka.

--- 152 ---

Turunan

Bab Dhepènsi

Ôngka 129/76

Sêrat paturanipun pakêmpalan Narpawandawa: katur wadananing putra santana dalêm têngên saha kiwa.

Kula nuwun, pangrèh ngaturi uninga, nalika ing dintên Sênèn sontên tanggal kaping 22 Agustus 1938, pakêmpalan Narpawandawa adamêl parêpatan agêng mirunggan, manggèn wontên ing Jayakusuman, prêlu angajangi sêsorahipun Radèn Tumênggung Dhoktêr Wedyadiningrat, bab dhepènsi. Wosing sêsorah kados ingkang kawrat sêrat pèngêtan katur asarêng punika.

Nuwun, sasampunipun baku pikajêngipun sêsorah wau karêmbag ing parêpatanipun para pangrèh kalihan para warga sawatawis, pinanggihipun ing rêmbag, sadaya sami rujuk dhatêng pikajêngipun sêsorahipun Radèn Tumênggung Wedyadiningrat wau, namung kirang prayogi manawi sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha ingkang wicaksana kangjêng susuhunan, lajêng ebah kados pikajêngipun sêsorah kasêbut ing nginggil, sadèrèngipun wontên ungup saking kaparêngipun kangjêng guprêmèn, ewadene bab punika pangrèh Narpawandawa namung nyumanggakakên sakaparêngipun karsa dalêm. Sarèhning bab punika prakawis wigatos, anjawi kaparêngipun karsa dalêm, wontên prayoginipun manawi kapundhutakên rêmbagipun rad-rad paranpara dalêm.

Ingkang punika salajêngipun konjuk kauningan ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha ingkang wicaksana kangjêng susuhunan, pangrèh Narpawandawa anyumanggakakên wadananing putra santana dalêm têngên saha kiwa.

Katur kaping 29 Nopèmbêr 1938.

Pangarsa: Wg. Suryadipura

Panitra: Wg. Purwasastra

--- 153 ---

Wosing Sêsorahipun Kangjêng Radèn Tumênggung Dhoktêr Wedyadiningrat, Nalika Wontên Parêpatan Agêng Mirunggan Narpawandawa, ing Dintên Sênèn Sontên, Tanggal Kaping 22 Agustus 1938, Manggèn ing Dalêm Jayakusuman, Bab Dhephènsi, Kados ing Ngandhap Punika:

Sakawit ngandharakên glagating praja agêng-agêng, sami pating bathithit badhe ngadani bôndayuda, sagêd ugi wontên prang donya malih, môngka caranipun prang ing jaman sapunika beda kalihan jaman kina, rumiyin sadèrèngipun têmpuking prang, mawi tantang -tantangan, nanging manawi prang jaman samangke botên mawi tantang-tantangan, dados sagêd lajêng prang dadakan, wah langkung mutawatosi, amargi pirantosipun langkung gêgirisi, punika prêlu dados panggalihan, manawi prang donya wau saèstu dumados, tumrap Surakarta lajêng kadospundi jêjêripun, awit jêjêr wajibing karaton punika kêdah angayomi gêsang tuwin wilujênging isinipun wiwit nginggil dumugi kawulanipun, punapa namung nrimah sumendhe ing pêpasthèn, ingkang makatên punika pamanggihipun juru sabda kirang sakeca, amargi narimah ing pêpasthèn punika namung kangge pangaubanipun ingkang anyingkiri rubeda, dados botên mapan tumindakipun. Manawi pamanggihipun juru sabda prayogi tumindak sarana sèlêpbêwêswordhêng (zelfbewustwording) amargi lampah punika nuwuhakên sêsêrêpan, ing pundi jêjêripun karaton dalêm Surakarta kanthi raos têtanggêlan pêranwruddhêlêkèidgêphul (verantwoordelijkheidsgevoel) pun sèlèpbêwêswordhêng (zelfbewustwording) dados jêjêring pribadi punika dèrèng sampurnaning agêsang, dados taksih nama lampah (midhêl middel sarana), juru sabda ngèngêtakên têmbungipun Êmpu Kanwa kawrat ing Sêrat Arjunawiwaha, sakawan pada ungêlipun makatên:

[Kinanthi]

pan boya sayêktinipun / kewala kang dosa ugi / apan ta sampun ulahnya / mungguh satriya puniki / ulah yasa lan kawiryan / môngsa ta suwea malih //

dhatêng kalêpasanipun / pukulun sang maha rêsi / ring wong apênêt punika / môngsa ta supea ugi / mênggah jatining agêsang / puniku ingkang kaliling //

ing wuwus ulun puniku / yèn ta jatining ngaurip / boya yèn dorakna pisan [pi...]

--- 154 ---

[...san] / patitis pati puniki / amung ta maksiha ulah / kawiryan puniki mangkin //

ya ulah kang mangkeneku / minôngka pangati-ati / ning pati kewala uga / kasukan kawibawaning / punika manira karya / pangamêng-amêngan ugi //

Makatên mênggah ancêr-ancêripun kasampurnaning pati, wontên malih minôngka kangge lêlimbangan murih ical uwasing panggalih, kacêtha wontên ing Sêrat Dewaruci, ungêlipun makatên:

[Dhandhanggula]

yèn duwea anggêp sira kaki / ngrasa loro dadi maksih uwas / kêna ing rêngu yêktine / yèn wus siji sawujud / sakarêntêging tyas sirèki / barang cinipta ana / kang sinêdya rawuh / wus kawêngku anèng sira / jagad kabèh jêr sira kinarya gênti / marmane dèn asagah: //

yèn wus mudhêng ing pratingkah iki / ...Kurang baris ke 2, 3, dan 4. / tan ana aji paran / kabèh wus kawêngku / tan ana ingulatanan / kaprawiran kadigdayan wus kawingking / sanggya rèhing ayuda //

Dados manawi makatên prêlu sangêt kita punika ngrumaosi dhatêng sliranipun pribadi, amila gandhèngipun kalihan prakawis bilih wontên dahuruning praja sawanci-wanci wau, kados botên wontên awonipun kita wiwit anggalih kadospundi prayoginipun, saupami wontên prêlu sawanci-wanci sampun ngantos lajêng grobyagan, manawi badhe ambabar pamanggih punika tamtu dipun dhêdhasari nyuraos sarta panglaras punika sadaya namung wontên gêgandhenganipun kangjêng guprêmèn kalihan karaton dalêm Surakarta. Mirit têtuladan ingkang sampun-sampun, nate panjênêngan dalêm nata Jawi ambantu prang, kados ta: nalika tanah Jawi kagêbag prang dening bôngsa Inggris, panjênênganipun nata Jawi ugi ambiyantu nanggulangi mêngsah, kalayan angwontênakên prajurit, tiyang 5000, makatên ugi nagari ing Ngayogyakarta, tuwin para bupati sami ambiyantu prajurit. Namung sarêng jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping IV dipun awisi iyasa prajurit langkung saking tiyang sèwu, botên kenging nyaèni kitha lami, punapa malih adamêl kitha anyar, sapiturutipun (kawrat prajangjian kaping 1 Agustus 1812) ewadene sarêng wontên kraman Dipanagaran, kala jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun kaping VI kangjêng guprêmèn ugi mundhut pambiyantunipun ingkang sinuhun, prajurit sacêkapipun kangge nyirêp kraman wau, ingkang cacahing prajuritipun langkung sangking prajangjian [prajangjia...]

--- 155 ---

[...n] ing nginggil. Punika pasaksèn cêtha bilih sang nata Jawi punika kenging ambiyantu nanggulangi parangmuka, tamtunipun prakawis tumindakipun inggih tansah gêgandhengan kalihan kangjêng guprêmèn, dados sanadyan sampun kapathok wontên ing prajangjian, ewadene ugêr wontên prêlunipun, inggih sagêd utawi kenging botên tumindak nêtêpi prajangjian.

Ngèngêti andharanipun Tuwan Litnan Jendral Brustra (Broerstra) kawrat ing Surabaya andhêlsêblad (Soerabaiasch Handelsblad) wosipun amratelakakên, bilih pirantos ingkang minôngka kangge anjagi (defensie) ing Indhiya Nèdêrlan, punika kirang kuwawi, amila samangke prêlu nyantosakakên santosaning kaprajuritan, sarana ngadêgakên praja-praja mandhiri ingkang ing ngajêng sampun kasuwak, kados ta, ing Bali, dipun lilani yasa prajurit prayudha, makatên ugi ing praja Mangkunagaran kawêwahan cacahing lèsiyunipun sabên taun kaindhakan tiyang 200. Dados mirit kawontênan-kawontênan wau, kados sampun mangsanipun sarta prayogi ing praja dalêm tumut-tumut ebah nyantosani kaprajuritanipun, dene ingkang minôngka waragadipun, sarta tiyangipun ingkang kacalonakên prajurit cacahipun sampun ngantos nguciwani, nyuwun wangsulipun siti môncanagari, amargi miturut prajangjian dalêm Ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping VII katitimasan kaping 22 Juni 1830 kawrat ing prakawis ingkang kaping 2 nyêbutakên, bilih pangastanipun Kangjêng Guprêmèn Walandi tumrap siti môncanagari punika taksih mawi: awit saking asma dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Dados ing pangintên bokmanawi kangjêng guprêmèn botên pakèwêd mangsulakên môncanagari wau, amargi botên badhe nyudakakên kaluhuranipun (geen prestige verlies van den kant van het Gouvernement) nanging malah sagêd dados sarana langkung supêkêtipun kalihan karaton Jawi, punapa malih tamtunipun taksih dipun ayomi kangjêng guprêmèn. Sasampunipun juru sabda ngaturakên akathah-kathah bab ingkang gêgayutan kalihan prakawis ing nginggil, pungkasaning aturipun: angambali, bakuning agêsang punika manawi taksih gadhah gêgayuhan, punika kêdah mêdal sarananipun raos-rumaosing salira pribadi (zelfbewust) amila juru sabda ngaturakên dhawuhipun Sang Prabu Rama dhatêng Sang Anoman, kawrat ing Sêrat Rama, anggitanipun Radèn Ngabèi Yasadipura, sanadyan namung

--- 156 ---

sapada, nanging wosing suraosipun, sampun nyêkapi kangge andêrêngakên pikajêngan, amrih kalêksananing gêgayuhanipun, ungêlipun makatên:

kunêng lingnya Rama Dayapati / angandika Sang Ramawijaya / hèh bêbakal sira kiye / gampang kalawan ewuh / apan ana ingkang akardi / yèn wania ing gampang / wêdia ing pakewuhLebih satu suku kata: wêdia ing kewuh. / sabarang ora tumêka / yèn antêpên gampang ewuh dadi siji / ing purwa ora ana //

Lêbaran

Nuwun, sarèhning wêdalipun côndrawarti punika nyarêngi dintên lêbaran, pamanah kula sampun mapan bilih angêwrat bab alal bikalal, minôngka sêsulih siraturohminipun para warga satunggal dhatêng satunggalipun, langkung malih dhatêng para pangrèh. Awit bab sirahturohmi (panyambêting sih) punika pancèn piguna sangêt kalastarèkakên, dening gêsangipun para manungsa punika botên namung ngangge kaalusan kemawon, nanging ugi mawi kawadhagan, ingkang dhêdhasaraning wêwatakanipun nama ngalèr ngidul kalihan wêwatakaning kaalusan. Mênggah wêwatakaning kawadhagan makatên cêlak dhatêng watêking kewan, ingkang punika: ambujêng piguna utawi nuruti pikajênganipun piyambak, botên pisan amanah dhatêng kapitunan utawi prêluning liyan, amila manawi pikajênganipun kawadhagan wau dipun umbar, tamtu mahanani pasulayan, rêrêbatan, cahak-cinahak, ingkang tundonipun namung badhe pêpisahan gêsangipun, dados beda kalihan wêwatêkaning kaalusan, cêlak kalihan ka- Allahan, inggih punika wêlasan, asih ing sasami, wohing pun rahayu ing sadayanipun. Sanadyan wêwatêkanipun kawadhagan kalihan kaalusan wau beda, nanging pancèn kangge têtimbangan tumrap gêsangipun manungsa, dados namung kantun angabên daya, manawi kêrêp tumindak kados dhêdhasaraning watêkipun kaalusan, gêsangipun inggih tansah manggih rahayu, kosokwangsulipun bilih ingkang katindakakên wau kêrêp wêwatêkaning kawadhagan, inggih badhe manggih sangsara ing gêsangipun. Amung sarèhning gêsang kita punika wontên ing donya, mila kaalusan kêrêp kawon kalihan kawadhagan, awit saking makatên kawontênanipun, lajêng tuwuh tatacara sirahturohmèn wau, pigunanipun kangge nyirnakakên kalêpatan-kalêpatan kita dhatêng ing sasami, kalêbêt ingkang botên katêmaha, [ka...]

--- 157 ---

[...têmaha,] mugi sami linêbur ing dintên riyadi, kantun sami nglanggêngakên pasadherekan, ambangun katrêsnan, wondene têrangipun pigunaning khalal bikhalal wau, kados ingkang kasêbut ing sêsorahipun Radèn Haji Ngadnan, nalika wontên pêpanggihanipun para warga Putri Narpawandawa, kados ing ngandhap punika:

Kula nuwun, awit saking kaparênging pangrèhipun Putri Narpawandawa, ing pasamuan ngriki kula tinanggênah sêsorah bab kalal bikhalal. Sadèrèngipun kula mêdharakên bab wau, langkung rumiyin kula ngaturakên suka sukur ing Pangeran dene Putri Narpawandawa kaparêng damêl pêpanggihan kanthi mirêngakên sêsorah ingkang tundonipun ngrakêtakên katrêsnaning para warga, nyambêt sih (silaturahmi) bangun karukunan, ngupados tambahing mitra ingkang sagêd nambahi lampah kautaman, sarta kula ugi ngaturakên gênging panuwun dhumatêng para ingkang sami kaparêng midhangêtakên atur kula punika.

Nuwun, saking pamanggih kula: khalal bikalal punika têmbung Arab, mirit Kuran S. Nahli a. 116. Kaza Chalcl. saha miturut kitab lugat kados ta: kamus, munjid, lisanul Ngarab sapanunggilanipun, khalal atêgês kalilan, kenging, botên karam, dede awisan, sanès cêcêgah lan inggih botên dosa. Bi, punika kurup ingkang minôngka kangge nyambêt têmbung supados dados ukara, têgêsipun kathah, kados ta: sambêt, nêdha tulung, kalayan lintonan enz. Pasaksènipun bilih bi punika têmbung Arab, ing kawitaning Kuran, bismillah khalal bikalal dipun têgêsi, lilan- lilanan, utawi ngapura-ingapura, punika kados sampun mathuk, nanging ukara makatên wau kirang kalampah wontên ing kalanganipun bôngsa Ngarab, sagêd ugi ukara wau saking ikêtanipun ngulama ing tanah Jawi, saminipun dunga slamêt, dunga kabul lan sapiturutipun, dene ingkang kalampah (kaprah) manawi bôngsa Ngarab sami pêpanggihan ing wêkdal riyadin punika ngangge mungêl, minal ngaidin. Kula tampi karcis saking paduka Tuwan Dr. G. F. Pijper, Adviseur voor Inlandsche Zaken Batavia. Ing ngandhap wontên sêratanipun Ngarab: minal ngaidin, Jawinipun: kalêbua saka golongane wong-wong kang padha ariyaya.

Riyadinan utawi Sawalan punika limrahipun inggih namung sami nglairakên suka sukur ing Pangeran dene kaparingan mêningi bakda Siyam, wilujêng botên kirang satunggal punapa, ananging tumrap para kas (pêthingan) kajawi nglairakên suka sukur,

--- 158 ---

taksih kaudi kotamanipun ingkang langkung mikantukdi,mikantuki. mila lajêng dipun wontêni pakêmpalan salat riyadin ing masjid, langgar-langgar enz utawi pakêmpalan ing griya-griya kangge pêpanggihanipun sanak sadhèrèk, sinêbut silaturahmi (nyambêt utawi ngrakêtakên ing pasadherekan) tuwin khalal bikhalal, ngapura-ingapura utawi nglêbur dosa, mila makatên, amargi kula manusa punika anggadhahi kuwajiban kathah, manawi karingkês wontên tigang prakawis:

1: Kuwajiban dhatêng Gusti Allah. | 2. Kuwajiban dhatêng badanipun. | 3. Kuwajiban dhatêng sasami.

Têrangipun sawatawis, kuwajiban kita dhumatêng Gusti Allah, upaminipun, kêdah bêkti (tangat) ngaosi para nabi utusanipun, ngestokakên dhatêng agami ingkang kadhawuhakên. Kuwajiban ingkang dhatêng badan kita piyambak, kêdah rumêksa dhatêng kasarasan, kaluhuran tuwin kawilujêngan.

Kuwajiban dhatêng sasami, kula kêdah anindakakên têpa sarira, tulung-tinulung sapiturutipun.

Kuwajiban-kuwajiban wau punika manawi kula lirwakakên lajêng nama maksiyat (dosa).

1. Dosa ing Gusti Allah, cêkap nyuwun pangapuntên dhumatêng panjênênganipun.

2. Dosa dhatêng badan pribadi, upami nêdha kaladuk (kêmlakarên), riyalat tanpa dugi ngantos kalirên enz. Punika kajawi namung dipun mantuni (kapok) ugi kêdah nyuwun pangapuntên dhumatêng Gusti Allah.

3. Kalêpatan utawi dosa ingkang tumrap dhatêng sasamining titah, kawastanan dosa khakul ngibad, upaminipun nyahak wêwênanging liyan, nganiaya, ngraosi punapa kemawon ingkang sakintên andadosakên saksêriking manahipun ingkang kataman, inggih bab punika ingkang kalêbêt wigatos wontên ing pasamuwaning Sawalan (khalal bikhalal).

Awit kalêpatan kula dhatêng sasami wau sok botên kanyanan, manawi wadhag (lair) punika ragi gampil panyandhêt, pangèngêt-èngêt kula sami, wangsul ingkang pangunêk-unêking batos, upami: ewa, ngrèmèhakên, makatên [maka...]

--- 159 ---

[...tên] punika asring botên karaos, môngka saèstunipun dosa, mêtêngi dhatêng padhanging manah, sarta bibrahakên prayogining bêbrayan, tur inggih badhe nguciwani utawi ngribêti wontên pangayunanipun ingkang Maha Suci.

Murih cêtha sarta gampil dipun èngêti, kaparênga kula ngaturakên andharaning dosa khakul ngibad wau tigang warni.

1. Babagan arta bôndha darbèking asanès, manawi kula pêndhêt, kula angge, katêdha utawi kula risak ingkang botên samasthinipun, punika nama lêpat, kula kêdah nêdha (nyuwun) palilah utawi khalalipun, sanajan tuwuhing pandamêl wau nalika kula taksih alit, yèn ingkang gadhahi taksih gêsang, gênah papan padununganipun, punika gampil, sagêt kalal bikalal pêpanggihan utawi kintun sêrat, nanging manawi sampun tilar dunya, lajêng dhatêng para waris, bilih sampun sêpên ing waris utawi botên gênah panggenanipun, lah punika ragi angèl, marginipun namung kadarmakna dhatêng pakir miskin.

2. Babagan badan, upami misakiti, ngangge damêling bau suku ingkang botên salêrêsipun.

3. Babagan kabatosan, kados ta: anyêl, ngina, enz.

Kalih bab ing ngandhap punika sagêd dipun birat rêsik, kêdah nêdha pangapuntên dhatêng ingkang kataman, têmbungipun Ngarab, istihlal, dene manawi ingkang dipun kaniaya wau basaning rajakaya (kewan), upami kula gêbagi tanpa dosa, dipun ingah ngantos kapiran, lah punika angèl malih, kajawi namung manganjali ing Pangeran, kala jaman kanabean, wontên satunggaling tiyang èstri lairipun kathah lêlampahanipun ingkang sae, wusana sarêng pêjah tampi pasiksan, pangandikanipun kangjêng nabi. Wong wadon iki kasiksa, jalaran ngunjara kucing, kalirên, ora dipakani.

Ngèngêti punika, kasinggihan dhawuhing Wulangrèh: ora gampang wong ngaurip, enz.

Pasamuwan! Dosa-dosa, (kalêpatan) wau botên kenging kita sapèlèkakên, awit katrapan utawi piwalêsing Gusti Allah botên namung ing akirat kemawon, sagêd ugi kêncengan ing dunya ngriki, namung sok botên patosa [pa...]

--- 160 ---

[...tosa] karaosakên, tiyang gadhah raos pêtêng, sêdhih manahipun, kataman cobi warni-warni, enz. Makatên punika manawi kaparêng nalusur, ngulur ingkang ragi panjang tamtu sagêd anjog dhatêng wohing pandamêlipun piyambak man zaroa chacad = sapa wonge nandur bakal angundhuh. Mila mupung taksih sagêd kaparingan kajêmbaran, kantun nanêm ingkang migunani, manawi kalajêng nyêbar wiji êri, supados botên kacocog katlusubên enz. Lajêng dipun babadana, sarana mêrtobat, ngapura-ingapura (kalal bikalal) punika marginipun.

Kasêbut ing kadis:

Suraosipun, sapa wonge anandukake panganiaya marang kancane, padha uga ing bab sipate utawa ing bab arta badhane, iku tumuli jaluka lila (khalal) ing dina mupung isih urip iki, awit manawa kongsi kabacut, ing têmbe ora wurung katagih, utang wajib nyaur, kang nyilih kudu ngulihake. Manawa kang nganiaya mau duwe kautaman, iya kabêcikane iku kang kanggo nyauri, samôngsa wis êntèk, dosane kang dikaniaya iku bakal kasangkulake marang kang nganiaya, ing kono wong kang sugih ngamal kabêcikan, bisa nêmahi jatuh, bangkrut, paelit.

Awit saking punika, kula inggih wajib ngaturakên suka sukur ing Pangeran, dene kaparingan mêningi riyadin Sawalan ing pintên-pintên panggenan sami dipun wontêni lalênggahan kalal bikalal, pigunanipun botên sakêdhik, kajawi kalal bikalal, inggih silaturahmi, nyambêt rakêt supêkêting pasadherekan, kawrat ing kadis.

Nyambung sih katrêsnaning pasaduluran, bêcike budi pakarti, lan prayogane têtanggan, iku kabèh anjularianjalari. tata raharjaning praja, sarta nambahi bêcike urip: bab lêrês lêpat, utawi èngêt lan kalinta-kalintu, punika jalêr èstri sami kemawon.

Kacariyos nalika Bagendha Ngumar andhawuhakên bab maskawining èstri sampun ngantos langkung saking 40 ogiyah (saogiyah 1/12 kati) manawi langkung badhe kapundhut ing

--- 161 ---

Baitulmal. Ing ngriku lajêng wontên satunggaling tiyang èstri ingkang matur, punapa badhe nulayani Kuran S. Nisak d 19.

Manawa ana lanang mènèhi marang wadon sanajan akèh sagintor (100 kati) iku aja bok jaluk.

Bagendha Ngumar èngêt, lajêng ngandika: wadon bênêr, wong lanang kang salah. Wusana padha anglanggêngake ngapura- ingapura.

Tutuping atur, manawi wontên kalêpatan kula nyuwun pangapuntên, saking pamuji panyuwun kula, mugi Gusti Allah s.w.t. paring kawilujêngan, tambahing rahmat saha barkah dhatêng pasamuwan punika, sumarambahipun majêng wilujêng praja dalêm Surakarta saisinipun.

Wasalam

Jagading Ekonomi

Para Luhur (Putri) Surakarta saha huis-industri BathakBathik.

(Pêthikan saking: Pustaka)

Kula nuwun, kasêbut côndrawarti: Pustaka ôngka 5, angêwrat panjurungipun sadhèrèk H. bab prêlu anggêsangakên punapa andandosi pakaryan bathik, murih têrangipun kula têdhak kemawon kados ing ngandhap punika:

Wêdalipun Kyai Pustaka ôngka 3, kula (H) sampun damêl gubahan bab: kasudagaran bathik ing Surakarta, ingkang ing ngriku kula ugi mawas prakawis kawigatosanipun padagangan bathik tumrapipun bôngsa kita Jawi umumipun, ingkang sabagean agêng kasudagaran lan padagangan bathik wau lajêng karêbat ing liyan bôngsa ingkang nênêkanipun wontên ing nusa Jawi, pancèn namung nêdya angupajiwa lan pados kauntungan.

Para maos, tumrap kasudagaran lan padagangan bathik ingkang sabagean agêng karêbat ing liyan bôngsa punika sajatosipun kasudagaran lan padagangan bathik ingkang pambathikipun sarana kaêcap, tumrap padagangan bathik ingkang carik, inggih punika [pu...]

--- 162 ---

[...nika]

ingkang pambathikipun mawi binathik utawi sinêrat tangan punika dèrèng sapintêna, ewadene para sudagar bathik Tiyonghwa ing Surakarta ugi sampun kathah ingkang ngrangkêp nindakakên kasudagaran bathik carik wau jêr kauntunganipun pancèn inggih agêng sangêt. Wontênipun makatên jalaran: sinjang bathik, langkung-langkung ingkang carik, tur wêdalan Surakarta Adiningrat, punika misuwur sangêt sae lan awiging bathikanipun, dhasar babaranipun kalêrêsan, kasêmbuh ingkang ngagêm sagêd ngêtrapakên, wah punika sampung,sampun. anggènipun mencutakên dhatêng sawangan, ngantos botên tumolèh. Dene tumrap bathikan ingkang cakrikipun botên sarwa ngrêmit, dhatêng sawangan sakalangkung ebat kaliwat-liwat, dhasar anggèning ngêtrapakên ingkang ngagêm ugi bêsus amêgahakên, punika inggih damêl cingak sayêktos, mila misuwuripun bathik Sala punika inggih kawêntar yêktos, ngantos botên namung priyagung luhur, kakung putri, para priyantun, para hartawan Surakarta kemawon ingkang mênawi wontên pasamuwan, langkung-langkung jagong têmantèn, ingkang binayangkare lan winiwaha têmantènipun, masthi sami marlokakên abusana bathik carik, nanging nadyan para priyantun pasisir, kakung lan putrinipun, wiwit ingkang bupati dumugi dèn carik lan mas upas, maratahipun malih dhatêng para sadhèrèk partikêlir ing sanusa Jawi pisan, manawi andhatêngi pasamuwan, langkung-langkung jagong têmantèn ingkang winiwaha têmantènipun, punika mênawi anggènipun sami dhatênging wau, botên mangangge bathik Sala, ing raos kirang srêg sangêt, satêmah kucêm yèn tumolèh dhatêng jejeranipun ingkang sami mangangge bathik Sala. Kang môngka bathik Sala ingkang dipun angge wau tarkadhang sawêg namung saking wêdalanipun Babah Kingan kemawon upaminipun, dèrèng môntra-môntra sangêt mangangge ingkang saking bathikanipun para putri Surakarta ingkang sangêt ngrawit. Saupami makatên, saiba ta saya marêmipun, sayêkti asundhul wuwung.

Ingkang punika gandhèng kalihan mupung kawontênanipun sinjang bathik carik utawi sêratan punika dèrèng patos sangêt-sangêt anggèning karêbat ing sudagar bathik [bathi...]

--- 163 ---

[...k] liyan bôngsa (Tiyonghwa) mila parlu sangêt para putri Surakarta langkung-langkung para Putri Narpawandawa saha darah Mangkunagaran, ingkang sami awig bathik utawi sêratanipun manawi nyêrat (bathik) lajêng sami karsaa angwontênakên hès indhustri bathik wontên ing dalêmipun piyambak-piyambak, sarana ngimpun lan ngêmpalakên para wanita ing kampung-kampung utawi ing dhusun-dhusun kadosdene saking Kayuapak, Serenan, Kêdhunggudèl, Têmbayat sasaminipun, ingkang ugi kathah ingkang dhasaripun sami sagêd bathik, punika dipun dadosna pangobèng, sarana dipun tuntun lan dipun ajar saprayoginipun, wontên ing dalêmipun piyambak-piyambak, tur makatên wau manawi sagêd sae anggènipun nuntun, mêsthi ugi andadosakên untung ingkang botên sakêdhik, satêmah anambahi dhatêng saening ekonominipun para putri wau piyambak utawi para luhur. Langkung malih manawi ngèngêti kawontênaning jaman kamajêngan punika, tumrap indhaking saenipun ekonomi punika kêdah dipun budi dening sadaya golongan. Manawi para priyantun, ingkang ambalônja kathah saha para prayagung, langkung-langkung para luhur wau kaparêng ngêguhakên dhatêng garwa-garwanipun, angwontênakên hès indhustri bathik wau, masthi sagêd, janji wontên kaparênging galih kemawon. Masthinipun inggih saking sakêdhik.

Tumrapipun pawitan ngawontênakên ada-ada makatên wau, kula sangêt yakin, manawi sadaya wau taksih kathah ingkang sami kagungan pawitan, namung pawitan wau sami dados pawitan pêjah. Liripun inggih sami taksih kagungan pawitan agêng, nanging awujud pangagêman, kados ta: sêlut, timang jlebrah, supe bandhilan, sêngkang tongkèng, ingkang sadaya wau aosipun wontên ingkang taksih ewon, malah dasanan ewon rupiyah punapa. Cobi, manawi kaparêng mênggalih radi sawatawis panjang kemawon, prakawis pawitan wau harak taksih kathah ingkang sami kagungan. Punapa barang-barang wau botên kenging dipun ingêrakên sawatawis wulan kemawon? Ingkang môngka manawi sagêd lan ubêd anggènipun ngingêrakên salajêngipun anggènipun ngawontênakên ada hès indhustri bathik wau, angsal pitulungan [pitu...]

--- 164 ---

[...lungan] Pangeran sagêd dados, sinêmbuh sagêd sugêng kanthi ngatos-atos sarta sukur ing Pangeran, Insak Allah mêsthi Pangeran badhe nambahi malih pêparingipun. Dhawuhipun Gusti Allah ing dalêm kitab suci Kuran surat Ibrahim ayat 7 suraosipun makatên: dêmi lamun sira kabèh padha sukur marang Ingsun, sayêkti Ingsun bakal nambahi kanikmatan marang sira kabèh, nanging yèn sira kapir sanyatane siksaningsun iku bangêt.

Awit saking punika, dhuh para putri, langkung-langkung para Putri Narpawandawa saha Putri Darah Mangkunagaran, sumôngga sami kaparênga migatosakên atur kula punika, lajêng ngadani bathik indhustri wontên ing dalêmipun piyambak-piyambak, sarana ngêmpalakên para wanita ing kampung-kalmpung saha ing dhusun-dhusun, ingkang dhasaripun pancèn kathah ingkang sagêd bathik.

Para putri, manawi panjênêngan sadaya sagêd angadani mêkatên wau, punika panjênêngan sadaya prasasat sagêd angayomi dhatêng gêsangipun para wanita pakampungan saha padhusunan, satêmah sagêd nyudakakên ugi dhatêng kathahing para wanita ingkang sami atindak nistha, ingkang dadosipun makatên wau salugunipun saking kapêksa dening pêpêt margining panggêsanganipun.

Wasana sadèrèngipun gubahan punika kula sambêt wontên ing Pusaka ingkang badhe mêdal, parlu kula bêngokakên rumiyin dhatêng pangrèhing pakêmpalan Narpawandawa saha darah Mangkunagaran. Malah inggih pakêmpalanipun para darah Kasultanan saha darah Pakualaman pisan, kêparênga sami nyumêrêpakên atur kula punika dhatêng para putrinipun, salajêngipun kaparênga nyorahakên saha anggêrakakên kados wosing atur kula, sukur bage lajêng kaparêng dombani pisan, manawi parlu sarana ngwontênakên kopêrasi salajêngipun, saengga atur pamrayogi kula ingkang sarana margi gawang-gawang punika sagêd ginayuh kalihan gampil, amin, mugi kabula.

H.

Makatên andharanipun sadhèrèk H tumrap bab pakaryan bathik, salajêngipun kaparêng amigatosakên lajêng ngadani bathik indhustri, wontên ing dalêmipun piyambak-piyambak, nyumanggakakên.

--- 165 ---

Bab Santana Dalêm Kaputus Pangadilan Landrad

Kados ingkang sampun kawrat ing kaca 146 organ punika, bab kalampahanipun satunggaling santana dalêm ing Ngayogya, kenging prakawis wontên ing bawah Têgal, lajêng kaputus ing pangadilan landrad, kajawi para pakêmpalan dalêm Narpawandawa, Sangkara Mudha, darah Mangkunagaran, sarta abdi Darma Warga, sami gadhah atur dhatêng pangagêngipun piyambak- piyambak, tumrap Narpawandawa ugi lajêng ngintunakên turunan sêrat paturanipun ingTidak perlu dibaca. konjuk ingkang sahandhap sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha ingkang wicaksana kangjêng susuhunan, katur wakilipun praja Kajawèn ing rad kawula, supados prakawis wau kaajêngakên dhatêng rad kawula. Katranganipun saking wakil praja Kajawèn ing rad kawula, prakawis wau sampun dipun rêmbag wontên rad kawula, kawontênanipun rêmbag dalah wangsulanipun pamarentah kados ing ngandhap punika.

Handelingen Volksraad 1938/1939 pagina 282 Vergadering 16 Juli 1938

Mijnheer de Voorzitter! Op een bij de IV de begrootingsafdeeling gestelde vraag antwoordt de Regeering in de Memorie van Antwoord van de II de begrootingsafdeeling voorkomende op blz. 8 roneo het volgende;

Op de vraag voor welken rechter personen van vorstelijken bloede die in de Vorstenlanden aanspraak kunnen maken op een form privilegiatum moeten verschijnen, indien zij zich hebben gevestigd op gouvernementsgebied moet het antwoord worden gezocht in de regeling van het forum privilegiatum voor de gouvernementsrechtspaak (Staatsblad 1867 No.10), welke regeling toepasselijk is steeds wanneer een zaak ter kennisneming staat van den gouvernementsrechter. Is de gouvernementsrechter bevoegd, dan maakt het geen verschill of de vorstenverwant zich metterwoon op gouvernementsgebied heeft gevestigd dan wel zich daar alleen feitelijk bevindt.§Verwanten hebben in de sfeer van de gouvernementsrechtspraak alleen een forum priviligiatum in strafzaken en slechts zoolang de vorst, waaraan zij dat forum ontleenen niet is overleden (artikel 3 sub b van vorengenoemde regeling).

Mijnheer de Voorzitter! De desbetreffende vraag zal blijkbaar gesteld zijn naar aanleiding van een geval van veroordeeling van een aan het vorstengeslacht van een der Javaansche Vorstelijke zelfbestuurders gelieerde persoon, die bij vonnis van den Politierechter van Pekalongan op 28 Mei van het vorige jaar wegens verduistering tot 6 maanden gevangenisstraf was veroordeeld.

Aanvankelijk werd de zaak voorgebracht bij den landraad van Tegal, doch deze rechtsbank heeft de zaak overgewezen naar de Politierechter van Pekalongan, op grond van het forum privilegiatum, wijl genoemde beklaagde een afstammeling was van Sultan Hamangkoeboewono II van het Sultanaat Djokjakarta, die in 1792 regeerde.

Op grond van deze overweging heeft de landraad van Tegal zich incompetent verklaard om kennis te nemen van een strafzaak, waarbij de beklaagde een geprivilegeerde is.

De door den politierechter van Pekalongan veroordeelde berustte niet het vonnis, ging in hooger beroep en in de maand September van hetzelfde jaar werd door het Hooggerechtshof een beslissing genomen, welke een geheel nieuwe interpretatie van het forum privilegiatum gaf.

--- 166 ---

Deze interpretatie komt hierop neer, dat afstammelingen van een inlandschen vorst, rijksbestuurder en regent zicht niet op het forum privilegiatum kunnen beroepen, wanneer de vorst, rijsbestuurder of regent inmiddels is overleden.

Overeenkomstig hetgeen door De Regeering in de Memorie van Aantwoord is verklaard - zooals zooeven door mij werd geciteerd - zegt het hof alleen, dat onder de in art. 1 en 3 letter a van Stb. 1867 No. 10 genoemde Inlandsche vorsten en hoofden slechs zijn te verstaan in leven zijnde personen, hoewel deze bewoordingen nu niet dadelijk uit het verband van genoemde artikelen zijn te halen.

Ik weet niet af sedert 1867 velen zich niet hebben kunnen beroepen op het forum privilegiatum om dienovereenkomstig hun zaak voor den Europeeschen rechter te doen behandelen.

De desbetreffende artikelen luiden als volgt.

Art. 1. Geene burgerlijke regtvordering noch vervolging tot straf kan worden ingesteld tegen inlandsche vorsten, rijksbestuurders, regenten en onderregenten, zoolang zij niet als zoodaning afgetreden, of uit hun ambt ontslagen zijn, zonder daartoe verlof te hebben verkregen, indien het geding gevoerd moet worden op Java en Madoera, van den Gouverneur Generaal, indien het gevoerd moet worden in een gewest buiten Java en Madoera, van den hoogsten gewestelijken gezaghebber.§Art. 3. De voor Europeanen en met hen gelijkgestelde personen aangewezen rechtbanken of rechters oordeelen in eersten aanleg over alle strafvervolgingen, ingesteld tegen:§a. inlandsche vorsten, rijksbestuurders, regenten, en onderregenten, nadat deze als zoodanig afgetreden of uit hun ambt ontslagen zijn;§b. vrouwen, bloedverwanten en aangehuwden tot den vierden graad ingesloten. zoo wettige als onwettige van de in artikel 1 en letter a van dit artikel genoemde inlandsche vorsten en hoofden;

Mijnheer de Voorzittter! Gelijk uit sub b blijkt wordt hier alleen gesproken van vrouwen, bloedverwanten en aangehuwden tot den vierden graad ingesloten, zoo wettige als onwettige van de in art. 1 en letter a van dit artikel genoemde Inlandsche vorsten en hoofden.

Het spreekt dus alleen van vrouwen, bloedverwanten enz. zonder meer.

Mijn vraag is nu of door dit arrest van het hof een afstammeling ophoudt bloedverwant te zijn van zijn vader, grootvader of overgrootvader, wanneer deze inmiddels overleden zijn, terwijl een afstammeling toch niet anders kan zijn dan een bloedverwant in afdalende lijn.

Het gevolg van deze interpretatie zal dus zijn, dat de zonen, ja zelfde vrouw van een vorst of rijksbestuurdar of regent direct na het overlijden van deze, niet meer tot de geprivilegieerde klasse behoort, hetgeen naar het mij vookomt onjuist is en in strijd met de adat en in de Vorstenlanden ter zake gehuldigde principe.

Bedoelde opvatting van het Hof bij de interpretatie van de forumbepalingen van 1867 doet wel eenigzins vreemd aan, wanneer men daarnaast, een ander product van wetgeving plaats, waarbij de Regeering blijkbaar een gansch ander standpunt inneemt. Dit is het geval bij de regeling voor de beoordeeling van aanspraken op een adellijken titel voor mannen, zooals die voorkomt is artikel 1, waarbij de titel van Raden Mas mag gevoerd worden door afstammelingen van vorsten tot in den vierden graad, zonder de beperking van het Hof bij zijn interpretatie van het forum privilegiatum aangelegd.

Mijn tweede vraag is of deze beslissing, waarbij de grens onnoodig zoo scherp door het hooggerechtshof is getrokken, bindende kracht heeft bij de kratonrechtbanken in de Vorstenlanden, aangezien tusschen de Inheemsche rechtbanken en Staatsblad 1867 No. 10 m.i. toch een zeker verband bestaat, steunende op het privilegie.

Tot slot zou ik in verband met de cosequenties van deze nieuwe interpretatie de Regeering willen vragen de grondslagen van deze ruim zeventig jaren oude bepaling te herzien, opdat zij meer in overreenstemming wordt gebracht met de adat en de in de Vorstenlanden gehuldigde opvattingen. Dit is dringend noodig, vooral in verband met de door de Regeering in de Memorie van Antowoord gedane toezegging dat de reorganisatie van kratonrechtbanken in de Vorstenlanden in overweging zal worden genomen.

--- 167 ---

AFSCHRIFT

Handelingen Volksraad 1938/1939 pagina 620. vergadering 2 Aug. '38 (Directeur van Justitie)

De heer Hoedojo, heeft ter sprake gebracht een geval, waarin door het Hooggerechtshof in hoogste instantie is beslist, betrekking hebbende op het forum privilegiantum van afstammelingen van een overleden vorst. Tot verklaring van deze beslissing van het Hof, dat onder de in art. 1 en 3 letter a van de forumregeling genoemde functionarissen slechts zijn te verstaan in leven zijnde personen-waarvan de heer Hoedojo zegt, dat zij uit het verband van de genoemde artikelen niet dadelijk is te halen - zou ik het geachte lid erop kunnen wijzen, dat de regeling in art. 3 eerste lid spreekt van "Inlandsche vorsten, nadat deze als zoodanig zijn afgetreden". In casu, waar het ging om een vorst, die in 1792 regeerde, is het minder eigenaardig om thans van dien vorst te zeggen, dat bij is "afgetreden"; van zoo'n figuur uit het verre verleden zegt men dat niet. Het is zelfs de vraag, of deze bewuste vorst ooit "als zoodanig is afgetreden" in den eigenlijken zin van dat woord. De bewoordingen van dat artikel, in het bijzonder de woorden "en letter a" voorkomende onder b van artikel 3, zijn dus niet mis te duiden.

Wat de cosequenties betreft, die de heer Hoedojo heeft geschetstverlies van het forum op het moment van overlijden van den gene, van wien het was afgeleid - deze kunnen inderdaad eigenaardig zijn; ik geef dit den heer Hoedojo volmondig toe. Daaraan zal de noodige aandacht zijd te schenken bij de algemeene herziening, waarover ik al meer heb gesproken.

Een andere vraag, door den heer Hoedojo opgeworpen, is deze, of de beslissing van het Hof bindende kracht heeft bij de kraton - rechtbanken. Het geachte lid moge het mij ten goede houden, als ik op deze vraag het antwoord schuldig blijft; het principe is, dat de rechter zelf over zijn eigen competentie beslist. Een uitspraak daarover in deze zaal zou slechts betrekkelijke waarde hebben, zoo al eenige.

Handelingen Volksraad 1938/1939 pagina 676, vergadering 3 Aug. '38

Mijnheer de Voorzitter! Naar aanleiding van het antwoord van de Regeering op het door mij in eersten termijn bij deze begrootingsafdeeling gehouden betoog, moge ik alsnog terugkomen op een punt, hetwelk mij nog niet geheel duidelijk is.

Het betreft hier een pasage, waarin de Regeering heeft opgemerkt, dat het, waar het in het door mij bedoeld geval ging om een vorst, die in 1972 regeerde, minder eigenaardig is thans van dien vorst te zeggen, dat hij is "afgetreden". Daaraan heeft de Regering tevens de vraag gekoppeld, of deze bewuste vorst wel ooit "als zoodanig is afgetreden" in den eigenlijken zin van het woord.

Mijnhoer de Voorzittter! Doet het inderdaat minder eigenaardig aan om, waar het ging om een vorst, die in 1792 regeerde, thans van hem te zeggen, dat hij is "afgetreden" bepaald zonderling wil het mij voorkomen, van een afgetreden vorst te zeggen dat hij niet zou zijn afgetreden, omdat hij al was overleden. Het onderhavig geval betreft namelijk Sultan Hamangkoe Boewono II, ook genoemd Sultan Sepoeh, van wien P.J. Veth in zijn boek "Java" (deel II blz. 305) zegt, dat deze Sultan bij proclamatie van 28 Juni 1912 van den troon vervallen verklaard werd en naar Poelau Pinang verbannen, omdat hij zich aan den hem opgedrongen overeenkomst tot afstand van Kedoe, trachtte te onttrekken. Uit het voorgaande moge blijken, dat de bewuste, door mij in mijn vorig betoog bedoelde vorst, inderdaad was afgetreden in den eigenlijken zin van het woord.

Tenslotte moge ik den geachten Regeeringsgemachtigde er op wijzen, dat dit geval niet op zichzelf staat. Hetzelfde kan namelijk - om mij tot een recent geval te bepalenook worden gezegd van Sultan Hamangkoe Boewono de VIIde, dat is de vader van den huidigen Sultan van Djocjakarta, welke vorst in 1921 is geabdiceerd en in 1922 is overleden. Deze Sultan heeft naar ik meen te weten, vele afstammelingen en bloedverwanten.

Ik zou den geachte Regeeringsgemachtigde daarom nog de concrete vraag willen stellen, of de vrouwen, bloedverwanten en aangehuwden tot den vierden graad in

--- 168 ---

gesloten van Sultan VII van Djocjakarta, die tijdens zijn leven was afgetreden ten behoeve van den huidigen vorst van Djocjakarta, nog aanspraak kunnen maken op het forum privilegiatum. Immers de regeling van het forum privilegiatum maakt geen onderscheid tusschen afgetreden vorsten, die nog in leven zijn, en afgetreden vorsten, die sedert zijn overleden en daarom kan ik mij niet vereenigen met de uitspraak van het Hof, dat het forum privilegiatum alleen beperkt moet worden tot afgetreden vorsten, die nog in leven zijn.

Handelingen Volksraad 1938/1939 pagina 759. vergadering 6 Aug. '38 (Directeur van Justitie)

De heer Hoedojo zeg ik dank voor de verduidelijking het geval betreffende den in 1792 geregeerd hebbende vorst, wiens afstammelingen het forum missen wijl hij niet wordt begrepen geacht onder de categorie der "vorsten die als zoodanig zijn afgetreden". Intusschen hoop ik, dat de grond der beslissing voor het geachte lid thans duidelijk is geworden, al blijft het oordeel over de consequenties van deze decisie natuurlijk wat het was. Wanneer het geachte lid mij nogmaals vraagt om een antwoord op een door hem gestelde vraag, waarin zou liggen opgesloten een beoordeeling van de jurisprudentie van het Hof dan moet ik hem tot mijn leedwezen teleurstellen; ik herhaal, de rechter beslist over zijn eigen competentie aan de hand van zijn eigen interpretatie van de voorschriften. Over deze voorschriften kan de Regeering met het geachte lid in deze zaal van gedachten wisselen. Over de toepassing der voorschriften door den rechter onthoudt de Regeering zich van uitspraak.

Kawruh Têtakan

Sambêtipun ogran ôngka: 9

Paedahipun kaprêban punika:

a. Mampêt sawatawis wêdalipun rah.

b. Jampi ingkang tumèmplèk ing tatu, botên enggal ical, tuwin

c. Ngrêksa sampun ngantos tatu wau kenging rêrêgêd, ingkang gampil anjalari dados mala.

Mênggah pambikakipun prêban, sarta anjampèni malih, cêkapanipun bilih sampun gangsal dintên, amung manawi prêbanipun kenging toya sêne, sanadyan sawêg sadintên prayogi lajêng dipun santuni, amargi bilih prêbanipun wau nêsêp toya sêne sarta lajêng dhatêng tatu, sagêd andadosakên mala. Manawi prêban ingkang badhe kabikak wau krakêt kalihan tatu, kêdah dipun kum rumiyin ing toya angêt ingkang mêntas umob, ngantos prêbanipun gampil dipun pêndhêt.

Manawi mêdalipun rah dêrês, lare dipun purih tilêman malumah, sabukanipun dipun kêndhoni. Pamampêtipun lajêng katindakakên miturut wêwaton ingkang sampun kawulangakên, [kawulang...]

--- 169 ---

[...akên,]

utawi kenging ngangge pamanggihipun piyambak, ugêr botên nyulayani kajêngipun kawruh kadhoktêran, ewadene manawi mêksa dèrèng katingal tulung, lajêng enggal-enggal nêdhaa dhatêngipun dhoktêr, mêdal abdi dalêm pangrèh praja ingkang ambawahakên, bongipun kêdah têngga dhatêngipun dhoktêr sarta nyumêrêpana panggarapipun, utawi manawi sagêd larenipun kemawon kabêktaa dhatêng klinik. Manawi tètèsipun rah namung awis- awis kemawon, kenging kacobi namung dipun dèkèki dhermatol, kalihan dipun kêncêngi sawatawis prêbanipun sarta taksih lêstari kapuriha tilêman ngantos antawis 1/2 jam, manawi sampun katingal botên ngêdalakên rah, punika atêgês sampun nama katulungan, wontênipun lare ingkang rahipun mêdal dêrês kêdah enggal-enggal dipun tulungi kalayan tumindak yêktosan, amargi manawi kasèp ambêbayani dhatêng lare ingkang têtak. Manawi sagêd nêtêpi piwulangipun dhoktêr, prayogi lajêng katindakakên têtulung makatên: pucuking urat ingkang ngêdalakên rah dêrês, dipun padosana sarana mawi kapuk (mawi Sublimatet-Oplossing utawi mawi lysol) manawi sampun cêtha lajêng dipun sapita pucukipun, mawi arterie pincet kaduduta sawatawis, tumuntên dipun tangsulana mawi bênang ingkang sampun sêtèril, prêlunipun supados pampêt wêdalipun rah, lajêng dipun prêban malih, sasampunipun artiri pinsèt wau kabikak. Ewadene manawi rumaos botên kaconggah utawi botên sagêd nindakakên kados ing nginggil, ugi kenging nindakakên pamanggih sanèsipun, ugêr pikantuk kalihan nalaripun, utawi botên nyulayani kawruh kadhoktêran, upaminipun: sasampunipun ingkang têtak tilêman malumah dakaripun kaadêgakên, tatunipun ingkang ngêdalakên rah dipun tèmpèli ès prongkolan ngantos sawatawis dangu, dening asrêping ès wau sagêd ugi andayani pampêtipun wêdaling êrah. Manawi sadaya rekadaya têtulung wau bludhêngipun mêksa dèrèng katulungan, enggal lajêng padosa pitulunganipun dhoktêr. Manawi tumrap ingkang sami gêgriya sajawining kitha, padosipun pitulungan dhoktêr, mêdal kônca pangrèh praja. Dene manawi tulung ingkang têtak wau kasambêt (klêngêr) cêkap dipun tilêmakên malumah ingkang waradin, panganggenipun dipun kêndhoni utawi dipun uculi.

Wondene pinta-pintaning kawajibanipun bong tukang nêtaki, sarta wêwaton kathah sakêdhikipun [sa...]

--- 170 - --

[...kêdhikipun] arta tindhih têtak, miturut pranatan nagari katitimasan kaping: 8 Nopèmbêr 1924, ôngka 473 (sêrat kabar nagari ôngka: 18) kados ngandhap punika:

Abdi dalêm mantri bong kawajiban nêtaki santana dalêm wayah buyut, sarta anak putranipun abdi dalêm bupati anom saha upsir minggah, ingkang têtak supitipun wontên ing salêbêtipun bawah dhistrik kitha Surakarta, dene abdi dalêm bong sanèsipun ingkang manggèn ing bawah kaondêran dhistrik salêbêtipun nagari, kawajiban nêtaki anak putranipun santana dalêm buyut sapangandhap, lan anakipun abdi dalêm sangandhapipun bupati anom, upsir saha anakipun para kawula dalêm, ingkang têtakipun wontên ing salêbêtipun bawah kaondêran dhistrik piyambak-piyambak, dene tumrap ingkang manggèn sajawining nagari, ingkang kawajiban nêtaki para bonging kaondêran dhistrik piyambak-piyambak.

Dene tundha-tundhaning arta tindhih têtak, tumrap putra santana dalêm, ingkang risipun wontên ing karaton, punika botên ewah kados adat ingkang sampun kalampahan, dene ingkang risipun botên wontên ing karaton, tuwin sarupining anakipun abdi dalêm saha anakipun kawula dalêm sadaya, punika kajawi ingkang kasêbut ing bab 4, arta tindhihipun wau wêwijanganipun kados ing ngandhap punika:

1. Putraning pangeran putra dalêm utawi putraning putri dalêm: ... 12 rupiyah | 2. Putraning pangeran santana dalêm ... 10 rupiyah | 3. Putraning riya nginggil ... 5 rupiyah | 4. Putraning riya ngandhap ... 3 rupiyah | 5. Putraning santana dalêm panji wayah, utawi putri wayah dalêm ... 2 rupiyah | 6. Putraning santana dalêm panji buyut utawi putri buyut dalêm ... 1 rupiyah | 7. Putraning pêpatih dalêm ... 15 rupiyah | 8. Putraning bupati ... 10 rupiyah | 9. Putraning bupati anom ... 6 rupiyah | 10. Anakipun panèwu sasaminipun ... 3 rupiyah | 11. Anakipun mantri sasaminipun ... 2 rupiyah |

--- 171 - --

12. Anakipun lurah bêkêl jajar sasaminipun ... 1 rupiyah | 13. Putraning kolonèl ... 10 rupiyah | 14. Putraning litnan kolonèl ... 8 rupiyah | 15. Putraning mayor ... 5 rupiyah | 16. Putraning kaptin upsir ... 3 rupiyah | 17. Anakipun ajidan, ondêr upsir tumêka jajar prajurit ... 1 rupiyah | 18. Putraning radèn pangulu tapsir anom ... 10 rupiyah | 19. Anakipun lurah aji, katib, amad dalêm ing Kuthagêdhe ... 3 rupiyah | 20. Anakipun pangulu kadipatèn anom, pangulu kapatihan, amad dalêm ing Imagiri, ngulama, bêkêl juru kunci Kuthagêdhe ... 3 rupiyah | 21. Anakipun para muhtar, pangulu ing kabupatèn, pangulu ing Kuthagêdhe, pangulu ing Sela, muadin, jajar, juru kunci sasaminipun ... 2 rupiyah | 22. Putranipun nyai mas adipati ... 7 1/2 rupiyah | 23. Putranipun nyai mas tumênggung ... 5 rupiyah | 24. Putranipun abdi dalêm bupati anom èstri ... 3 rupiyah | 25. Anakipun abdi dalêm panèwu èstri ... 2 rupiyah | 26. Anakipun abdi dalêm mantri èstri ... 1 1/2 rupiyah | 27. Anakipun sarupining abdi lêmdalêm. èstri kajawi ingkang kasêbut ing nginggil wau ... 1 rupiyah | 28. Anakipun kawula dalêm ... 50 sèn | 29. Anakipun lurah utawi punggapunggawa. dhusun ... 1 rupiyah | 30. Anakipun bêkêl dhusun ... 70 sèn.

Anakipun kawula dalêm ingkang malarat, kalilan botên mawi ambayar arta tindhih tuwin sajèn, nanging kêdah ngangge saksi lurah kampung utawi lurah dhusun ingkang ambawahakên têmênipun manawi malarat.

--- 172 ---

Mênggah pratelan arta tindhih têtak kasêbut ing nginggil wau tumrap ingkang tiyang sêpuhipun taksih, manawi sampun botên gadhah tiyang sêpuh tindhihipun suda, têrangipun makatên:

Ha. Wayah dalêm saking putra dalêm kakung, ingkang ramanipun sampun seda, saha wayah dalêm saking putri dalêm ingkang ibunipun sampun seda, tindhihipun 4 rupiyah.

Na. Buyut dalêm, ingkang saking: pangeran santana, riya nginggil, riya ngandhap, utawi panji wayah, manawi ramanipun sampun seda, saha saking putri wayah dalêm, manawi ibunipun sampun seda, liripun sampun botên gadhah tiyang sêpuh santana dalêm wayah, punika tindhihipun 1 rupiyah.

Ca. Wayah dalêm, manawi tiyang sêpuhipun ingkang santana dalêm sampun tilar dunya, liripun sampun botên gadhah tiyang sêpuh santana dalêm, punika tindhihipun 50 sèn.

Ra. Anakipun abdi dalêm ingkang sanès santana dalêm sarta tiyang sêpuhipun sampun tilar dunya, liripun sampun botên gadhah tiyang sêpuh ingkang dados abdi dalêm, punika tindhihipun sami kalihan tindhihipun kawula dalêm.

Ka. Anakipun abdi dalêm ingkang sampun kapènsiyun, punika tindhihipun sêpalihing tindhihipun nalika tiyang sêpuhipun ingkang dados abdi dalêm wau taksih anglampahi pandamêlan.

Sadaya ingkang kasêbut ing nginggil wau, manawi ingkang ambawani sanès tiyang sêpuhipun piyambak, mawi pasamuwan punapa pantêsipun pangkating ingkang ambawani, tindhihipun sami kalihan tindhihipun anakipun ingkang ambawani, nanging sakêdhik-sakêdhikipun sami kalihan tindhihipun piyambak punapa lêrêsipun ingkang sampun katamtokakên.

--- 173 ---

Mênggah kathahing arta tindhih têtak punika botên kenging kapetang rangkêp, dados kêdah namung miturut saking tiyang sêpuh jalêr utawi èstri salah satunggal, upaminipun: manawi miturut saking tiyang sêpuhipun jalêr tindhihipun f2,- nanging bilih miturut saking tiyang sêpuhipun èstri f5,- punika tindhihipun ingkang dipun petang inggih ingkang f5,- wau. Makatên ugi manawi tiyang sêpuhipun wau santana dalêm sarta dados abdi dalêm, upaminipun putri wayah dalêm, dados abdi dalêm bupati èstri, punika tindhihipun inggih wêwaton ingkang kathah. Sadaya pêpetangan tindhih têtak ingkang kasêbut ing nginggil punika, tumrap têtakan ingkang wontên ing panggenanipun ingkang nêtakakên, kajawi ambayar tindhih wau, ugi kêdah arta pamutêr kathahipun f1,- dados melikipun bong, nanging manawi anggènipun têtak wau wontên ing griyanipun ingkang nêtaki, tindhihipun namung kapetang sapalih. Dene tumrap têtak ingkang kabelakakên, inggih taksih ambayar tindhih, nanging sampun botên kalêrês angrupakakên sajèn sasaminipun, isarating lare têtak.

Sadaya ingkang badhe nêtakakên kêdah lapur dhatêng abdi dalêm pangrèh praja ingkang ambawahakên, tumrap têtakan ingkang botên ngangge bong ingkang majibi, punapadene nêtakakên dhatêng dhoktêr, punika sampun botên mawi ambayar arta palangkah, dalah sajèn sasaminipun isarating lare têtak, dhatêng bong ingkang majibi. Wondene sajèn sasaminipun isarating lare têtak, punika kalilan rêrukunan kawarnèkakên arta, nanging kathahipun botên kenging langkung saking f1,- kalêbêt ingkang bela. Mênggah tumanjanipun arta tindhih têtak punika kabage 3 ingkang kalih bageyan dhatêng bong ingkang nêtaki, ingkang sabageyan kangge ingonipun tiyang miskin.

Miturut ungêling bab 10 pranatan nagari katitimasan kaping 8 Nopèmbêr 1924 ôngka 473 (sêrat kabar nagari ôngka 18) sintên ingkang nêrak, kapatrapan ukuman dhêndha kathah- kathahipun f 25,- utawi katutup lami-laminipun 8 wolung dintên.

Pangudaraos

Manawi kula gagas kalayan cêthèk-cêthekan, para jagadipun bôngsa ingkang dipun anggêp inggil kamanungsanipun, manawi botên lêpat anggèn kita anggrayahi, baku

--- 174 ---

ingkang dados undêranipun, langkung rumiyin tansah anggêgulang gêsanging raos, amargi gêsanging raos sagêd amujudakên pêpêthan sawarnining bab, wiwit ingkang kasar akruwal-kruwal ngantos dumugi ingkang sakêlangkung lumêr, babaranipun sagêd anjalari misuwuring asma luhuring bôngsa dalah wutah rahipun.

Sumêbaring kawruhipun para bôngsa ingkang sampun angsal titêl inggil kamanungsanipun, bêbasan ngantos ambanjiri jagad raya, piwulang sae tatilaranipun para lêluhur ingkang sampun sami swarga, ugi dipun akêni anggènipun sagêd ngrampungi ingkang ingga dumugi dintên punika taksih kacêtha wontên ing sêrat-sêrat babad, dados cêthanipun miturut gotèk, kita punika turunipun tiyang linangkung yêktos, dene ngantos sarwa apês, punika botên sanès namung saking ubênging jagad.

Para bôngsa Amerika sami ngutamèkakên ngisis dhatêng pulo Bali, para bôngsa Jêpan sami mêlêng anggènipun ngudi kawruh kilenan, tumrap ing Amerika sadaya kawontênanipun tansah damêl cingak sarta kabêtahakên ing jagad, dene tumrap nagari Baskara Mijil, sadaya tandang grayangipun tansah damêl gawok lan kinèringan ing jagad, dados gunggung kêmpalipun, ing sakalih-kalihipun sampun nama sami ngundhuh wohing makartining gêsangipun. Taksih wontên sambêtipun.

Cakrapangarsa

Pratelan Isinipun Organ Punika:

1. Bab pangadilan, dalah turunan karampungan ... kaca 145 | 2. Bab ngabêktèn turunan dhawuh saking kawadanan putra santana dalêm, dalah nawala dalêm ... kaca 150 | 3. Bab pasowanipun santana dalêm dèn masan sabên grêbêg ... kaca 151 | 4. Turunan sêrat paturan kaping 29/11'38 ôngka 129/76 bab dhepènsi, dalah wosing sêsorah Wedyadiningrat ... kaca 152 | 5. Bab lêmbaran ... kaca 156 | 6. Bab jagading ekonomi ... kaca 161 | 7. Bab santana dalêm kaputus pangadilan landrad ... kaca 165 | 8. Bab kawruh têtakan ... kaca 168 | 9. Pangudaraos ... kaca 173 | 10. Pananggalan

--- [175] ---

Nopèmbêr 1938

[Grafik]

--- [176] ---

Dhesèmbêr 1938

[Grafik]