Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-02, #1647

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1932, #1647
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-01, #1647. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1470.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-02, #1647. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1471.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-03, #1647. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1472.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-04, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1473.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-05, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1474.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-06, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1475.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-07, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1476.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-08, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1477.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-09, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1478.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-10, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1479.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-11, #1647. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1480.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-12, #1647. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1481.

Ôngka 10, 25 Pasa Je 1862, 3 Pèbruari 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [177] ---

Ôngka 10, 25 Pasa Je 1862, 3 Pèbruari 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan. Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Tamu agung saking Nèdêrlan

[Grafik]

Kala dintên Kêmis enjing tanggal 28 Januari ingkang kapêngkêr Dr. L.N. Deckers, minister van defensie ing Nèdêrlan sampun dumugi ing Tanjungpriuk. Kala punika kathah para pangagêng ingkang sami mêthuk, makatê ugi para prajurit wontên sagêlar sapapan ingkang sadhia wontên ing palabuhan, minôngka angurmati tamu agung wau.

Ing nginggil punika gambaripun kala paduka Tuwan Dr. L.N. Deckers mriksa barisanipun para prajurit, inggih punika ingkang mangagêm cêmêng. Ing têngênipun: Jendral Mayor Hoeksema de Groot, kiwanipun Jendral Laut J.F. Osten.

--- 178 ---

Lêlampahan Salêbêtipun Wulan Siyam

Sambêtipun Kajawèn nomêr 9

[Dhandhanggula]

rêrikatan Siman lawan Simin / sami wisuh sigra mlêbu ngomah / anjujug ing sênthong kilèn / sami nutugkên turu / kang srêngenge wau wus mijil / nanging surêm tan padhang / kalingan ing mêndhung / sêpi nyênyêt pakampungan / datan kadi padatan ing wanci enjing / labête wulan Siyam //

cabuk rambak tukang wedang kopi / datan katon kadi saban-saban / sêpi swara ting carêngkèng / cêlak kalawan cakruk / wong dol gudhêg amblênêg linggih / ngêntèni bocah jajan / nanging tanna tuku / amung siji tur sagobang / dadi lima imbuh karag nênêm sabil / dilabuhi grêjêgan //

bakul wade sami angêdali / prawan rôndha wlanjar lan somahan / anggendhong dêdagangane / wontên kang rada cukup / putra pyayi randhaning mantri / lumaku sêblak langak / abdine tut pungkur / bakyu bèi lagi pasa / cêgah gantèn lambene pucêt sathithik / malah agawe cingak //

tan tinulis kaananing ari / wau sampun wanci bubar ngasar / jalu èstri pêpak kabèh / samêkta anèng ngayun / angêntèni sangating mahrib / sinambi jêjagongan / ing jro wisma sampun / pêpak andhèr dhêdhaharan / kang mirasa bakal bukan dèn ruktèni / beda lawan padinan //

kacarita Siman lawan Simin / lagi nglesot sarwi anyandhing jam / ngantu-antu pangantine / Siman malêruk clathu / nora ngono apa ta iki / lawane rada têlat / ora ana jêdhul / wêtêngku wis kalurukan / Simin angling bok ya kok êndhake dhisik / kurang sadhela êngkas //

lah dêlêngên kae ana siji / lagi mêtu saka pupus gêdhang / mêngko kancane rak akèh / Simin sawêg amuwus / wontên swara dhêl dhêl kaping tri / tôndha saking kauman / yêkti surya surup / Siman Simin sigra mênyat / mlêbu ngomah jupuk ajang rêbut dhisik / bapakne mèsêm ngucap //

bok ya sarèh kêbangêtên iki / kaya kere rêbutan panganan / Siman Simin tan angrèwès / suk-sukan barêng nubruk / iwak êmpal cinokot aglis / sarwi ngêthungke ajang / ingimbuhan sampun / srikutan muluk dhêkêman / rada pêdhês jangane Simin sru wahing / gêbrès-gêbrès ping tiga //

nyêmbur-nyêmbur upa morat-marit / tangan kiwa angusapi mata / têngên ngusapi irunge / sraweyan sêntlap-sêntlup / bokne dulu gumuyu angling / ah bok alon wae ta / mangan ja kêsusu / Simin wisuh salin ajang / gênti kolak gêdhang dhasar lêgi gurih / buah pundhung rambutan //

Siman Simin eca sawêg bukti / wontên swara kapirêng nèng jaba / yo trawèh ayo cah trawèh / Siman Simin kêsusu / wisuh sênthot mêdali jawi / rame tinampèn kônca / lare sampun kumpul / gêrombolan maring langgar / pak kaume bubar wulu têrus linggih / mèsêm bagèkkên bocah //

apa padha pasa mau iki / gya mangsuli inggih gih sadina / lah rak ngono bêcik kuwe / saiki wis sataun / ora trawèh mêsthine lali / botên taksih kèlingan / sokur bocah sokur / pak kaum ngarêpke keblat / sigra wiwit bocah tata sami linggih / klêsak-klêsik rêrasan //

mêngko apa jaburane iki / ingkang sandhing ngungak-ungak jawab: / ayake dhawêt lan tape / Si Bendhot gêla muwus / êlo priye [pri...]

--- 179 ---

[...ye] mêngko ta iki / aku ra nggawa pinggan / cangkire mung têlu / lah mêsthi padha rêbutan / iki ana bocah cacah rolas iji / nuli kaum rêkaat //

bissêmilahirohmannirrohim / kamdullilahirobbil allaman / glêrêg-glêrêg suwarane / sarwi adhêkal-dhêkul / bocah barêng ngêtutkên sami / Siman rada andhugal / wruh Bendhot andhingkluk / tinabok muni kumêplak / Bendhot sigra ngurutake nabok ngering / dadi urut-urutan //

[Grafik]

Lare-lare sami arak-arakan nuju malêman.

kêplak-kêpluk tiba kang kapêncil / rada sêru prênah piling kanan / Si Nyik jur kagèt anjêngèk / adhuh gile pak kaum / kurang ajar sing sisih niki / kaum mêdhot pujian / rêngu wuwusipun / ah aja ugal-ugalan / titènana mêngko ora tak êdumi / botên pak botên kula //

têlas salat nuli wiwit dhikir / rame guyub swara sru gumêrah / nanging ting clêbung unine / Allahukhanatahu / wontên lare kang aran Sidin / rada wêruh irama / yèn muni Allahu / muwuhi: iyèk lan dhungdhang / dadi rame hohiyèk-hohiyèk dhang hik / dhungho iyèk hao dhang //

salin dhikir pak kaum bukani / wa harngalim astagkapirallah / arngalim astagpirlahe / bocah barêng ambarung / êndhas kaum êndhase maling / dhas maling cancang bolah / sami pating clêbung / pak kaum tan bisa duka / têmah mupus wis adate lare alit / padha ugal-ugalan //

wusing dhikir kaum ambukani / gênti sadat kurès kang winaca / nêksèni ingsun tuhune / Nabi Muhammad iku / manungsa kang lanang sayêkti / mardika akil ingkang / balig lawan bagus / mancorong warnane kaya / purnamane wulan utawa hyang rawi / rame raras kapyarsa //

têlas sadat pak kaum nambungi / niyat ingsun apasa tutuga / lare sigra anggro kabèh / tutug sadina sesuk / sampun rampung salat lan dhikir / rame ngêbyuk jaburan / barêng suk-kinêsuk / singa kalah nora uman / Siman cikat nyandhak tape olèh dhisik / mlumpat golèk dhêlikan //

karya rêgêng sabakdaning Mahrib / lare sami tarwèh anèng langgar / pinunggêl cacriyosane / sinêrat ing ri Sabtu / tanggal slikur marêngi sasi / Siyam windu Sancaya / sèwu wolung atus / sawidak kalih Je warsa / anèng kantor Bale Pustaka Batawi / Têguh Sastrasuwignya //

--- 180 ---

Kawruh Padhalangan

Ringkêsaning Kawruh Padhalangan Ringgit Purwa ing Surakarta

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 103).

Bab ucap-ucap

1. Jêjêran

Syuh rêp data pitana§ Pangintên kula lêrêsipun: syuh rêp, ndata tita ana. Têgêsipuh: syuh, prusing kiyamat. Rêp: pandhêm, sirêp, cêp. Nda: lah, ta atita: barêng wis kalakon, banjur, ana: ana, têrangipun: sawise sêpi sidhêm awang uwung, lah banjur ana lêlakon manèh, carita iki. Têgês ingkang kados makatên punika sami kalihan wiwitanipun sêrat Adiparwa. anênggih nagari pundi ingkang kaeka adi dasa purwa. Sanadyan kathah titahing dewa, kang kasongan ing akasa, kasôngga ing prêtiwi, kathah ingkang asri araras, nanging datan kadi nagari ing Dwarawati. Mila kinarya bêbukaning carita, ngulatana nagari satus datan antuk kêkalih, sèwu datan antuk sadasa.

[Grafik]

Bathara Krêsna

Pranyata ing Dwarawati nagara kang panjang punjung, pasir wukir loh jinawi, gêmah ripah karta raharja. Panjang, dawa pocapaning kautaman. Punjung, luhur wibawaning kaprabon. Pasir, mêngku bandaran agung. Wukir, kathah kasugihan saking pagunungan. Loh, kathah tirta martani têtuwuhan. Jinawi, kathah narmada ingkang dados pasrèning praja. Gêmah, kukuh sugih kalawadya. Aripah, ayêm têntrêntêntrêm. sêmuning praja.§ Aripah, têgêsipun dèrèng angsal katêrangan, nanging apah têgêsipun toya. Karta, datan ana durjana juti sapêpadhane. Raharja, katôndha para punggawa sapangandhap datan wontên ingkang irèn mèrèn cêcêngilan. Sadaya sami sayuk rukun pasang karahayon, dènnya nyangkul pakaryaning praja. Maratah para narapraja sami kontab kautamane, dibya wirutama, widagda ngudi èdining kawidagdan, angayomi para kawula. Mila para kawula sami ayêm têntrêm, bêbasan datan ana kaduhkitan, salêbêt sajawining praja kathah pêpasrèn anglam-lami tiningalan. Dhasar nagara ing Dwarawati padhang jagate, adoh kuncarane, gêdhe pangaribawane, kaloka ing môncapraja.

Sintên jêjuluking nata Dwarawati: Sri Bathara Krêsna, Arimurti, Narayana, Padmanaba, Madusudana, Kesawa, Janardana. Sadaya sami jêjulukipun Bathara Wisnu, dening sri bupati yêkti titising Sang Hyang Wisnu.

Mangkana wênang dèn ucapakên pambêganing nata, sayêkti ratu adi utama santa darma, awas mawas wosing [wo...]

--- 181 ---

[...sing] kawusanan, pirsa sadèrènging winarah. Sang prabu pinunjul ing tri bawana. Yèn ing kangsuciankasucian. sang nata saluhuring para brahmana, yèn ing kawijayan angungkuli para jawata, yèn ing daya prabawa angungkuli sang hyang pratônggapati, yèn guna sarana saluhuring budi pranjana.

[Grafik]

Sri Baladewa.

Saking kontab prabawaning sang prabu, para môncanagara sami suyud sumungkêm, nungkul datan saking pinukul ing prang, amung saking kasok pêpoyaning kautaman, bêbasan ingkang cêlak manglung, kang adoh tumiyung, sami atur bulu bêkti, glondhong pangarêng-arêng, guru bakal guru dadi.

Ya ta sinigêg ingkang murwèng kawi. Nuju ing ari Rêspati, sri bupati miyos siniwaka ing siti inggil pinatarana, lênggah ing dhampar kancana, pinatik sêsotya, linamakan baludru sutra, sinêbaran sari kinarawistha, sang nata dèn ayap ing badhaya srimpi, manggung kêtanggung, jaka palara-lara. Sami ngampil upacara kaprabon, banyak dhalang, sawunggaling, ardawalika, sata dipangga, kidang sangsam sarwa kancana. Sang prabu kinêbutan laring manyura kanan kering, kongas gandaning nata, arum angambar-ambar dumugi pangurakan. Sanalika sang prabu sirna kamanungsane, kadi ratuning jawata siniwi para dewa, ingayap para widadari.

Ing pasewakan rêp sidhêm pramanêm datan ana banèning walang salisik, amung swarane pradôngga ginêndhing araras, saking mandrawa cat kapirêng cat botên, têka amuwuhi asrining pasewakan.

Sintên ingkang kacakêtakên ing ngarsa nata, sang narpaputra ingkang binadhe raja, akêkasih Radèn Sômba. Sang narpaputra dhasar satriya bagus, karêngga ing busana, lêbda ing parikrama, sudibya ing adilaga, adhêdhasar limpad ing graita. Kalih ipe nata, satriya ing Lesanpura, akêkasih Radèn Satyaki, iya Sang Wrêsniwira, Singamulangjaya. Radèn Satyaki pranyata satriya utama, ambêg raharja, sakti sudibya ing ngadilaga, karosane datan pae gajah budi ambêdhat. Marma minôngka gêdhig manggala, agul-aguling adilaga. Sadaya para sumewa sami sumungkêm silastawa atap pranata.

Apa wigatine sang prabu miyos siniwaka. Ing pagêdhongan sajatine sang prabu arsa nyuba wiwaha [wiwa...]

--- 182 ---

[...ha] ingkang rayi Rêtna Bratajaya, iya Wara Sumbadra, kagadhang dhaup kalihan satriya panêngah Pandhawa Radèn Arjuna.

Ing nalika punika kapasang yogya ingkang raka sri bupati ing Madura Sri Baladewa, sampun rawuh jumujug ing pasewakan, lênggah satata wontên ing dhampar kancana. Sang Prabu ing Dwarawati sakalangkung sukaning wardaya èsmu noraga.

Mangkana ing pasewakan sangsaya tambah asri kawuryan, dening cahyaning narendra kalih rêbut praba, katon amarakata asênên-sinênênan. Ya ta wus sawatara sang prabu imbal pangandika.

Kawruh Sawatawis

Raos Kaalusaning Gêndhing lan Jogèd

Ing bab gêndhing tuwin jogèd, punika sabên bôngsa sami gadhah, mênggahing raos, tumrap ingkang anggadhahi, rumaosipun anganggêp bilih gêndhing lan jogèdipun ingkang sae piyambak. Panganggêp ingkang makatên wau pancèn nama botên kêlintu, awit kawontênanipun anocogi.

[Grafik]

Kêkêmpalaning bôngsa wanan, Papuah.

Nanging mênggahing raosipun, sadaya wau botên tilar adamêl grêgêt tuwin gambira, punapadene raos susah. Kados ta têtabuhanipun têtiyang wanan, punika limrahipun prasaja sangêt, namung awarni kêtipung, kangge mêndhêt irama sawatawis, prêlu kangge ngiramani dhatêng tindaking panjogèdipun, sanadyan jogèdipun namung adhapur lunjak-lunjak, nanging katingal anut irama.

Dene minggah-minggahing têtabuhan, tamtu inggih ambêkta lêluwêsaning jogèd, dados inggih kenging kangge titikan saya inggiling bêbudèn.

Cobi amêndhêt upami ing bab caranipun tiyang wanan manawi sami angraras lêlagoning gêndhing ingkang sinarêngan jêjogedan, punika katingal sangêt ing kasaripun, tuwin grêgêtipun namung dhatêng gambira, sanadyan wontêna ingkang êngês, nanging botên sapintêna raosipun. Kawontênan ingkang kados makatên punika lajêng lumèrèg kenging kangge titikan dhatêng kirang lêbêting raos.

Sapunika lajêng kainggahakên dhatêng bab raosing

--- 183 ---

têtabuhan ingkang kawontênanipun warni-warni, ingkang nama sagagrag, warni-warnining têtabuhan wau ugi lajêng ngawontênakên gêndhing warni-warni, tuwin lajêng nuwuhakên raos ingkang adamêl gambira, damêl grêgêt, damêl prihatin, tuwin sanès-sanèsipun.

Tumraping bôngsa Jawi, kados sampun kathah ingkang sagêd ngraosakên gêndhing Eropah tuwin gêndhingipun piyambak, ing ngriku namung gumantung mana suka, rêmên ingkang pundi, nanging kalih pisan wau sami isi raos bingah lan susah kados ingkang kapratelakakên ing nginggil. Dados tumrap ingkang kasêngsêm dhatêng gêndhing Eropah, inggih lajêng sagêd cariyos dhatêng raosipun ingkang warni-warni, upaminipun gêndhing ingkang damêl gambiraning manah, punika tumrap ingkang cocog, sabên mirêng inggih lajêng anjênggirat, sawênèh wontên ingkang sagêd nênangi dhatêng kapurunan.

Makatên ugi tumrap gêndhing Jawi, raosipun inggih botên beda, upaminipun tiyang mara tamu dhatêng panggenanipun tiyang gadhah damêl, punika samôngsa kinurmatan ing gôngsa gêndhing Kêbogiro, inggih lajêng anjênggirat, saupami tiyang ingkang lampahipun ngalêmêr, inggih dados cêdhit-cêdhit, malah sagêd ugi lajêng dados anglangak kados Radèn Sômba.

Tamtu kemawon gêndhing-gêndhing wau inggih lajêng gadhah nama piyambak-piyambak, ingkang namanipun anocogi kalihan ungêlipun, upaminipun inggih gêndhing Kêbogiro wau, namanipun cocog kalihan suwaranipun. Makatên ugi tumrap gêndhing Eropah, kintên-kintên ugi makatên.

[Grafik]

Pêthilan ringgit tiyang Basudewa lan Narasoma, wontên ing pandhapi Kapatihan Pakualaman.

Nanging tumraping raos sampun têmtu botên kenging kagathukakên, kajawi ingkang sampun lènjèh dhatêng raos kalih-kalihipun, awit tumraping bôngsa Eropah, lajêng amastani manawi gêndhing Jawi punika pating klênyit tanpa têgês, ambrêbêgi kuping, makatên ugi tumrap bôngsa Jawi ingkang botên sagêd ngraosakên dhatêng gêndhing Eropah, manawi mirêng lajêng ngêlus-êlus wêtêng, saking sêbah. Raos ingkang kados makatên wau inggih pancèn botên lêpat, sampun malih bôngsa Eropah mirêng gêndhing Jawi sagêda cocog, sawêg bôngsa Jawi piyambak kemawon ing sapunika sampun kathah ingkang [ing...]

--- 184 ---

[...kang] kêri mirêngakên gêndhing Jawi. Nanging kosokwangsulipun, bôngsa Eropah wontên ingkang sampun sagêd ngraosakên gêndhing Jawi ngantos dipun bêkta dhatêng pasupênan. Dados sami kemawon.

Gêsanging gêndhing wau saya karaos malih manawi mawi binarung ing ucap, yèn Jawi gerong, punika saya cêtha malih, awit panggerongipun wau mawa ucap ingkang ugi atêgês dados panggugah.

[Grafik]

Srimpi ing Priyangan.

Ing sapunika gêntos ing bab jogèd, yèn caranipun ngrika dhansah, punika inggih sami mêngku kaalusan sadaya, têgêsipun sami botên tilar kasusilan, nanging ing bab punika namung mêndhêt ing bab raos gêsangipun. Tumraping jogèd Jawi, pundi ingkang nama anêtêpi dhatêng pathokan, punika ngantos sagêd ngirup dhatêng raosipun ingkang ningali, kabêkta saking tanpa kuciwa, sanadyan ingkang anjogèd lare pisan, sêngsêmipun sampun botên beda kalihan tiyang sêpuh. Makatên ugi tumraping dhansah kados inggih botên beda.

Dene tumraping nayuban, lajêng dados cacadan, dipun wastani patrap saru, punika pancèn inggih nyata, nanging punika nama lêpatipun ingkang nindakakên, awit kados botên wontên janjinipun tiyang nayuban lajêng kapurih main rêsah-rêsahan. Dados saupami tataning nayuban dipun ewahi, utawi dipun icali, ingkang anjalari dados tuwuhing tindak rêsah, tamtunipun lajêng katingal maliginipun angênggèni kawruh jogèd. Dene manawi dipun bujêng dupèh ing ngriku kasêlan ing tiyang èstri, inggih punika ringgit, kaanggêp botên pantês, lajêng adamêl kirang rênaning para wanita ingkang mariksani, punika lajêng nama botên ngadil.

Dados saupami wontên pamanggih nêdya adamêl suwaking nayuban, nanging manawi nyataning tatananipun sampun botên saru, inggih prayogi nyandèkakên sêdyanipun badhe nyuwak. Ewadene manawi mêksa adrêng dupèh mawi jalêr èstri, wohipun tamtu badhe ambibrahakên tatananing dhansah. Awit mênggahing raos, kasusilan tuwin botên susila, punika tumraping ngrika-ngriki botên sami.

Mênggahing wosipun, ing karangan punika namung nyariyosakên ing bab kaalusaning gêndhing lan anjogèd.

Ha.

--- 185 ---

Pasamuwan ing Surakarta

[Grafik]

Sampeyan dalêm ingkang wicaksana, nalika badhe bidhal kirap.

--- 186 ---

[Grafik]

Gambar ingkang nginggil, sampeyan dalêm ingkang wicaksana nalika kirap angubêngi praja, nitih rata kancana.

[Grafik]

Gambar ingkang ngandhap, para akungagung. ingkang sami badhe malêbêt dhatêng kadhaton, anjênêngi pahargyan ing nalika dintên Kêmis, kados ingkanag sampun kapratelakakên ing Kajawèn.

--- 187 ---

Raos Jawi

Panulaking Kala

Sambêtipun Kajawèn nomêr 9.

Sabar

Para maos mugi botên kêmba ing panggalih maos karangan ing bab babadipun Pangeran Pugêr, wontênipun dipun andharakên ngantos panjang, namung prêlu badhe ngêtingalakên ing bab wohipun ambêk sabar.

Kacariyos sasedanipun Sinuhun Prabu Mangkurat, Pangeran Pugêr lajêng anjumênêngakên Pangeran Adipati Anom sumilih kapraboning rama, pangeran adipati wau kajawi putra kapenakan, ugi mantu. Nalika wontên ing pasewakan, Pangeran Pugêr jumênêng wontên ing pêngkêranipun Pangeran Adipati tuwin andhawuhakên: Sarupaning wong ing Kartasura kabèh, padha nêksènana, yèn Pangeran Adipati Anom ing saiki ingsun junjung jumênêng nata angrèh ing tanah Jawa kabèh, ajêjuluka Kangjêng Susuhunan Mangkurat Senapati ing Ngalaga, Sayidin Panatagama.

Ing sakala punika wontên sêsêpuhing praja nama Adipati Sumabrata nyêntak dhatêng Pangeran Pugêr: Ah, botêna panjênêngan junjung, Pangeran Adipati Anom sampun sagêd jumênêng nata piyambak.

Pangeran Pugêr mirêng têmbung panyêndhu kados makatên punika sakalangkung lingsêm, ing dalêm batos ngantos ngucap ngudubilahi. Nanging raos ingkang mêmirang kados makatên punika tumrapipun Pangeran Pugêr namung dipun anggêp dados cobi, kangge ambobot kasabaranipun. Mila inggih namung dipun tampèni kanthi panarimah.

Samubarang punika manawi dipun ajêngi, tamtu inggih lajêng saya katingal, kados ing bab anggènipun Pangeran Pugêr angajêngi dhatêng sabar, tansah kêpêthuk kemawon sabab-sabab ingkang dados panyobi. Tamtu kemawon panyobi wau tuwuh saking tiyang ingkang nêdya damêl awon dhatêng panjênênganipun, tuwin dhasar nyata Pangeran Pugêr tansah dipun karenah, malah kalampahan Pangeran Pugêr lajêng dipun bêthèk wontên ing alun-alun sagarwa putra, jalaran saking kadakwa angrojongi putra anggèning ambalela ing ratu, inggih punika pangramaning putra ingkang nama Radèn Mas Suryakusuma. Makatên malih putri ing Kapugêran ingkang kagarwa ing sang prabu, lajêng kakondurakên.

Nalika Pangeran Pugêr tampi paukuman wau, wontên putranipun ingkang nama Radèn Mas Ôntawirya, nêdya ambangkang botên purun ngêsrahakên dhuwung, ing ngriku andadosakên dukanipun Pangeran Pugêr, kawiyos pangandikanipun: Ôntawirya, kêrismu pasrahna, sanadyan kowe dipatènana ya aja suwala, sarèhne kowe ora dosa, amêsthi patimu nêmu bêcik. Balik yèn kowe bôngga, amêsthi bakal duraka ing ratu, lan yèn kowe ora pasrah gêgaman, kêna ing supataku. Dene salajêngipun, ing salêbêtipun Pangeran Pugêr anglampahi paukuman,

--- 188 ---

botên karsa dhahar utawi sare, tansah nyuwun ngapura sarta pitulunging Allah. Ing ngriku lajêng katingal cêtha sangêt ing bab kasabaranipun Pangeran Pugêr.

Ing ngriku lajêng tuwuh rêmbag ingkang wosipun badhe masesa dhatêng Pangeran Pugêr, nanging wantunipun Pangeran Pugêr panggalihipun wilujêng, malah mêngsahipun Pangeran Pugêr, inggih punika Adipati Sumabrata, nyuwunakên pangapuntên, awit têrang manawi Pangeran Pugêr botên dosa. Kalampahan Pangeran Pugêr sagarwa putra sampun linuwaran, nanging mêksa taksih dipun sujanani, mila lajêng dipun aturi dalêm cêlak alun-alun. Nanging wantunipun tiyang dipun gêthingi ing ratu tuwin tansah dipun sujanakakên, dados inggih tansah botên sakeca, makatên malih saparipolahipun tiyang ing Kapugêran, tansah dipun ulat-ulatakên.

Sanadyan Pangeran Pugêr punika wontênipun ing Kartasura botên angsal manah, ewadene tansah tinari-tari dening panjênêngan nata, kathah bab-bab ingkang prêlu katindakakên dening Sang Pangeran. Ananging Sang Pangeran botên kêndhat tansah tampi cobi ingkang sakalangkung awrat.

Wontên bêbasan, manawi nêdya adamêl nêpsuning tiyang, ambedaa anakipun. Makatên ugi Pangeran Pugêr, ing kala samantên mirêng pawartos, bilih putranipun ingkang nama Radèn Mas Suryakusuma, kacêpêng, lajêng dipun baronjong. Ing ngriku Pangeran Pugêr sampun botên kuwawi angraosakên malih, lajêng lolos saking Kartasura sagarwa putra dhatêng Sêmarang. Bidhalipun dhatêng Sêmarang wau rêreyongan sangêt.

Nanging sarèhning tindakipun Sang Pangeran punika sampun kasampiran wahyu kawilujêngan, lulus ngantos dumugi ing Sêmarang. Cinêkak ing cariyos, Sang Pangeran sagêd jumênêng nata wontên ing Sêmarang, dipun idèni ing Kumpêni, ajêjuluk Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ing Ngalaga Abdurrahman Sayidin Panatagama.

Ing ngriku pinanggihing wohipun kasabaran ingkang dipun sarirani ing Pangeran Pugêr, ing salajêngipun sang prabu kondur dhatêng Kartasura sagêd ngêndhih karaton.

Mirid lêlampahan sadaya wau, tiyang anglampahi sabar punika pancèn rêkaos. Dados tiyang ingkang sagêd anglampahi sabar sayêktos, punika nama sampun manggih satunggaling kanugrahan, tinêbihan ing kala ingkang nêdya anggêgodha.

Jugul

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 639 (t.R. Kertodiprodjo) f 6,- punika tumrap wulan Juli 1932 dumugi Juni 1933. Dados manawi botên nampi blangko, panjênêngan botên prêlu paring yatra malih.

Lêngganan nomêr 5348 (t.S. Eprajim) sêrat sampun katampi. f 2,- tumrap wulan Januari dumugi April '32.

--- 189 ---

Kêkajêngan Agêng

Pinanggihipun wontên ing tanah Jawi, wana ingkang agêng-agêng kacariyos inggih kathah kêkajênganipun ingkang agêng-agêng, nanging limrahipun kajêng ingkang agêng-agêng wau dipun namakakên kajêng taun, ingkang botên kapilih kangge dandosan, amargi kawon kalihan kajêng jati.

Jalaran saking wontênipun kajêng jati ingkang misuwur saenipun kangge dandosan, parentah lajêng nanêm kajêng jati wontên papan ingkang anocogi kangge gêsanging kajêng wau, wusana lajêng dados wana ingkang dipun wastani wana pajatèn, lan wana wau pinanggih ing pundi-pundi, sagêd angêsuk wana-wana bêbondhot lan ingkang rumiyin botên sagêd ngêdalakên asil punapa-punapa.

Nanging sarèhning nama wana, pajatèn wau ing sakawitipun namung asli dipun tanêmi, lajêng ugi awujud wana grêng. Tamtu kemawon pinanggihing wana wau, inggih lajêng wontên uwitipun jati ingkang agêng, awit umuripun sampun pintên-pintên dasa taun. Dados pinanggihipun ing sapunika, kajêng ingkang nama agêng tuwin sampun umur dasanan taun, pinanggih wontên ing kajêng jati. Tumraping kajêng sanèsipun inggih taksih wontên, nanging botên sapintêna.

Manawi angèngêti ing bab kêkajêngan taun, tamtu inggih gêgayutan kalihan ngumuring tiyang, kajêngipun inggih mawi pêpèngêtan, dene tumraping para ahli, umur-umuraning kajêng punika sagênsagêd. nitik saking kawontênanipun.

[Grafik]

Kados ingkang kacêtha ing gambar punika, mujudakên kajêng ing tanah Amerikah ingkang sakalangkung agêng, sasampunipun katêgor, wujuding kajêng katingal, kenging kapandhing kalihan agênging tiyang. Kajêng wau umuripun sampun ewon taun.

--- 190 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI.

Griya yatim griya yatim ing Tungkak. Griya yatim Muhammadiyah ing Tungkak ingkang angsal arta pambiyantu saking parentah, wiwit wulan Januari kapêngkêr sampun botên angsal malih. Lare-lare yatim ingkang dipun upakara ingriku wontên 45, rumiyin sabên wulan lare satunggal angsal pitulungan saking parentah f 5.-.

Ir. Soekarno gêrah. Wontên pawartos, awit saking pamrayoginipun doktêr, sarèhning sariranipun Ir. Soekarno kirang saras, supados sampun ngêmori politiek rumiyin.

Sudan balanja. Kawartosakên, parentah ugi nêtêopakên sudaning balanjanipun prajurit legiun Mangkunagaran tuwin barisan Madura. Wiwit 1 April dumugi 30 Juni 1932 suda 5%, salajêngipun wiwit Juli suda 10% samantên punika namung tumrap ingkang balanja f 20.- minggah dumugi f 50.-.

Lêbêt wêdaling kuli kontrak. Miturut pawartos, ing taun 1930 Sêmarang ngintunakên kuli kontrak dhatêng tanah sabrang 9769 ingkang wangsul 8162. Ing taun 1931 ngintunakên 1412, ingkang wangsul 34.804. Dados tinimbang kalihan ingkang dipun kintunakên malah kathah ingkang wangsul.

Handelsvereeniging Sêmarang adamêl paturan. Handelsvereeniging Sêmarang gadhah atur dhatêng Kajêng Tuwan Ingkang Wicaksana, supados nyuwak pajêg dêlancang sigarèt, kalintunan pajêg sata. Dene wontênipun amargi arta pajêg dêlancang sigarèt punika namung dipun salingkuhakên ing tiyang kemawon.

Kasamèkakên kalihan bupati. Miturut pawartos, wiwit sapunika sêrat dhatêng assistant-resident kasêrat Hoogedelgestrenge... dados ing sapunika sami kalihan bupati.

Pagadean pêtêng. Veldpolitie ing Jombang mêntas nggropyok griyanipun bangsa Tionghoa ingkang manggèn ing tapêl watês Majakêrta kalihan Jombang. Bangsa Tionghoa wau kadakwa gantos pêtêng; ingkang dipun gantos kajawi barang-barang ugi nggantos rajakaya. Nalika dipun gledhah kalêrêsan nuju nggantos maesanipun tiyang dhusun.

Kapal-kapal ngamanca ingkang labuh ing Tanjungpriok. Ing wêkdal punika ing Tanjungpriok wontên kapal-kapal ngamanca ingkang sami labuh, 1 kapal pêrang Inggris "Kent", 2 kapal pêlancongan "Empress of Britain".

Botên saèstu anyatunggalakên A.M.S. Sêdya badhe nyatunggalakên A.M.S. ing Bandung tuwin Surakarta botên saèstu, amargi damêl kawratan warni-warni.

Griya pamondhokan kangge lare-lare Tionghoa ing Sêmarang. Ing Sêmarang sampun kêlampahan ambikak griya pamondhokan lare-lare Tionghoa, ingkang dipun adani dening nyonyah-nyonyah Tionghoa ingkang namanipun wontên ing Sêmarang katingal. Pambikakipun dipun jênêngi ing paduka Gupêrnur Jawi Têngah tuwin sanès-sanèsipun. Pamondhokan wau cêkap kangge lare 20, ing sapunika sawêg nampèni lare-lare èstri.

Gunggungipun tiyang ingkang katrajang sêsakit pès ing Jawi Têngah tuwin Jawi Wetan. Kawontênanipun têtiyang ingkang katrajang sêsakit pès ing Jawi Têngah, Têmanggung 35, Têgal 30, Brêbês 9, Ngayogya 1, Bantul 3, Gunungkidul 19, gunggung 97. Jawi Kilèn, Majalêngka 13, Ciamis 4, Tasikmalaya 11, Bandung 22, gunggung 50.

[Grafik]

Tiyang umur 130 taun. Ing dhusun Pohkêmbang, Gombong, wontên tiyang nama Kyai Amadanom sampun umur 130 taun taksih kiyat, panggêsanganipun dados dhukun. Tiyang wau nalika jaman Diponagaran sampun gadhah anak 2, ing sapunika anakipun pinanggih 25. Kyai Amadanom wau sagêd ngaos, nalika nenemanipun nate ngaji dhatêng pondhok-pondhok ing Banjarmasin, Surabaya, Wanaagung (Kêdiri), Pacitan tuwin Bantên.

Hipa santun directeur. Tuwan A.H. Wignyasastra, directeur persbureau Hipa ing Bêtawi sapunika dipun gêntosi dening Tuwan D. Kusumaningrat.

Ngewahi klas ing K.P.M. Awit saking usulipun directeur babagan arta praja dhatêng parentah, supados kantor Reiswezen adamêl tatanan ewah-ewahaning lampah sagantên ing tanah ngriki, inggih punika bab klas pamanggèning punggawa nagari manawi numpak kapal K.P.M. manut pêpetangan balanja. Tindak makatên punika nagari badhe manggih pangiritan kawan ton.

--- 191 ---

Gunggunging arta ingkang sumimpên ing Postpaarbank. Gunggunging arta ingkang sumimpên ing Postpaarbank ing tanah ngriki dumugining tanggal 31 October 1931 wontên f 19.219.647.20. Pêperanganipun: bangsa Eropa f 11. 688.096.69; tiyang siti f 6. 746.218.98; bangsa ngamanca wetanan f 1.385.331.53.

Resident enggal. Kawartosakên Tuwan T.J. Habbema, ingkang wangsul saking nagari Walandi kaangkat jumênêng Resident ing Ngayogya, anggêntosi tuwan resident T.P. Westra.

Nyêpêng ratu adil. Ing kampung Gembong, Surabaya, wontên tiyang nama Ekoatmojo ngakên dados ratu adil, saha ngakên têdhak Majapait. Ekoatmojo lajêng dipun cêpêng ing pulisi, kanggenan dhuwung kathah tuwin jimat-jimat. Ing Baturêtna, Wonogiri ugi wontên tiyang ngakên ratu adil dipun cêpêng ing pulisi. Tiyang wau sampun sadhiya sowan Ingkang Sinuhun ing Surakarta ambêkta tiyang 200. nanging lajêng kenging dipun bêkuk ing pulisi.

Minister Decker dhatêng Borobudur. Kala tanggal 29 Januari, nalika Minister Decker wontên ing Ngayogya lajêng tindak dhatêng Borobudur nyare sadalu. Enjingipun wangsul dhatêng Ngayogya dhahar ing guprênuran, lajêng bidhal dhatêng Surabaya. Tanggal 13 Feb. bidhal saking Surabaya dhatêng Bandung nitih mêsin mabur, tanggal 15 saking Bandung dhatêng Bêtawi ugi nitih mêsin manur.

Kapal pêrang Inggris Kent bidhal saking Tanjungpriok botên kasumêrêpan. Kapal pêrang Inggris Kent ingkang nuju labuh ing Tanjungpriok, ing sadèrèngipun dumugi wanci labuhipun wontên ngriku, sampun bidhal botên kasumêrêpan.

Milliunair ngambah ing jaman malèsèd. Ing wêkdal punika wontên Milliunair bangsa Amerika lêlana dhatêng tanah ngriki numpak kapal "Empress of Britain". Kacariyos Milliunair wau wontênipun ing Bêtawi ugi nindakakên pangiritan, botên têtumbas punapa-punapa ingkang katawèkakên dhatêng piyambakipun, sanadyan têtumbasa inggih ngawis, beda kalihan Milliunair sanès-sanèsipun ingkang lêlana mriki ing sadèrèngipun jaman malèsèt.

Kawigatosaning kalawarti enggal. Ing bab kalawarti ingkang badhe dipun tindakakên dening Tuwan Driyowongso, kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn, punika badhe kaangkah isinipun supados ngèngingi manahipun golongan andhap, basanipun Jawi ngoko, ukaranipun prasaja.

Karampunganing congres P.G.H.B. Miturut pawartos congres P.G.H.B. ing Cirêbon anggêlêngakên rêmbag: 1. ananggulangi tumindaking politiek ngirit pangajaran tuwin ing bab badhe icaling liburan ing wulan Siyam. 2. nyuwun supados angsal ngêmori rêmbag ing bab sêrêg-sêrêgan tumrap warga P.G.H.B. 3. ngajêng-ajêng nggadhahi wêwênang ingkang mêsthi; 4. namaning "Perkumpulan Guru Desa" dipun ewahi "Volksonderwijzersbond"; 5. nêtêpakên Tuwan Adisewaya dados pangarsa P.N.S.

Ing Saparua wontên lindhu. Ing Saparua tansah kêraos wontên lindhu, kintên-kintên jalaran saking badhe inggahing toya sagantên dhatêng dharatan.

Wontênipun tiyang among dagang ingkang palit ing Bêtawi. Among dagang ing Bêtawi ingkang palit ing taun 1927 wontên 171; ing taun 1928 wontên 215; ing taun 1929 wontên 272; ing taun 1930 wontên 318 tuwin ing taun 1931 wontên 463.

Sêrat sinawung lêlagon saking sawênèhing guru wanita katur Ir. Soekarno. Wontên sawênèhing sêrat saking guru wanita ing Bêtawi katur Ir. Soekarno sinawung ing lêlagon basa Mêlayu, dipun kanthèni kacu pêthak abrit mawi sêrat ingkang suraosipun supados anunggilakên P.I. kalihan golongan Mardika.

Conferentie Partai Indonesia. Wontên pawartos, Coferentie P.I. saèstunipun kawontênakên ing Mataram, botên wontên ing Bêtawi.

Bab arta palsu ing Makasar. Kawartosakên ing Makasar kathah arta palsu ingkang sumêbar. Sabên datêng pulisi ambêskup arta palsu.

Pangiritan ing B.B. Tumrap B.B. tiyang siti dipun wontênakên pangiritan f 209.000. Sudaning tulage tuwin icaling bestuur T.H. f 56.000.-. Wragad ngupakara dipun kirangi f 99.460. Nyuda yêyasan f 245.000.-. Ewah-ewahan bestuur ing tanah Jawi tuwin Madura f 200.000.-. Pangiritan sanès-sanèsipun kados ta telepon tuwin wragad kantor kasuda 20% wontên f 197.950.-.

Rêdi Kêlut adamêl kasamaran. Miturut pawartos, ing sapunika ing Blitar dipun jagi ing saradhadhu saking Salatiga. Wontênipun kajagi prêlu nyêrêp-nyêrêpakên dhatêng têtiyang ingriku supados sami sampun kuwatos.

Arta kêrtas palsu nyadasa rupiyah. Ing sapunika ing Sumatra Kilèn kathah arta krêtas nyadasa rupiyah palsu. Wontên ingkang ngintên dhatêngipun wau saking Tiongkok, nanging tandha yêktinipun dèrèng wontên. Escompto nyumêrêpi bab wontênipun arta wau.

Bêna ing Juwana. Lèpèn Juwana ingkang adatipun ilinipun antêng, sarêng wontên jawah tanpa kèndêl lajêng mbaludag angêlêbi pundi-pundi.

Pakêmpalan ngayomi sato kewan. Pakêmpalan ngayomi sato kewan ing Ngayogya mêntas ngawontênakên parêpatan warga, ngêncêngakên bab tumindaking damêl ngayomi sato kewan. Gêlênging rêmbag supados ing pamulangan dipun wontênakên pangajaran ambêk wêlasan, ingkang gêgayutan kalihan bab wau. Ing salêbêtipun taun 1931 ing Ngayogya wontên sêrêgan panganiaya kewan 520.

ASIA.

Nyirnakakên tiyang awon. Wadya Jêpan nyêpêng tiyang awon cacah 10.000, panêmpuhipun ngangge auto lapis waja, tiyang awon wau sirna sadaya.

KwontênanKawontênan. ing Syanghai warni-warni. Griya consul Jêpan ing Tiongkok mèh dipun bêsmi ing tiyang, nanging lajêng kadênangan. Gemeente ing Syanghai ngèndêli wêdalipun sêrat kabar China Min Kua Jah Pao, amargi ngêmot karangan ingkang ngawon-awon Nata Jêpan.

Ngêbroki Chapei. Ing wanci têngah dalu, wadya Jêpan ngêbroki Chapei, inggih punika kitha ing Syanghai, lampah-lampahipun miturut rancangan ingkang sampun katata rumiyin.

Pêrang Tiongkok Jêpan. Parentah Tiongkok nêtêpakên badhe pêrang kalihan Jêpan. Nanking kadadosakên hoofdkwartier. Tiongkok dipun kuwatosakên. Tsjiang Kai Sek ngintunakên sêrat wara-wara lumantar telegram dhatêng commandant militèr saindênging Tiongkok, supados sadhiya.

--- 192 ---

Waosan

Dongèng ingkang kaping Tiga

Drêsthadyumna

23

IV. Prabu DrêsnadyumnaDrêsthadyumna.

[Dhandhanggula]

tan kuciwa jumênêngira ji / wus misuwur praptèng liyan praja / lamun kang jumênêng mangke / nyata narendra luhung / trahing nata kang amêngkoni / laladan praja Langka / kalangkung misuwur / marma sumêbaring warta / anggung antuk pangalêmbana myang puji / saking nata ngamônca //

ayêming tyas pra kawula sami / dening ngrasa antuk pangayoman / narendra trahing gustine / kang mèh kasilêp dangu / kêndhih dening kang bôngsa Tamil / malah nguni angira / ing wuri tan wurung / trahing sang sayêkti sirna / dening anggung rinèhing nata linuwih / kang kalangkung kawasa //

lan sanyata yèn rinasèng ati / yêkti lôngka lamun kalakona / têrah singga tuwuh mangke / nanging Hyang Maha Agung / lamun paring marga tan pilih / nadyan wong tan kawasa / tanpa otot bayu / lamun pinarêngkên mênang / lakunira datan mawa pilih margi / pinangguh kasêmbadan //

kang pinangguh Drêsthajumêna ji / pancèn nyata dhêdhasar prawira / sarwa mêmbat panggalihe / tan arsa grusa-grusu / myang salami antuk pamardi / saking sri pramèswara / kang ambêk linangkung / salami tan kasamaran / mring sêmuning praja miwah satru sêkti / winruhan tan kuciwa //

kang mangkana tindak datan gampil / yèn ta datan linakon rêkasa / yêkti lôngka kalakone / nanging rasèng aluhung / salami mung kaciptèng batin / tumindakirèng karya / nganti mangsanipun / marma nadyan têtaunan / dupi praptèng ing kalamôngsa ngrampungi / lulus sarwa sambada //

saupama woh pêlêm kuwèni / matêngira wus dhawahing môngsa / datan ana kuciwane / binuktia pakantuk / dinohan ing rasa panyakit / kang tinêmu tan liyan / mung asuka têrus / marma ing tumêrahira / anumusi mring kawula maratani / amartani sadaya //

anyêlani pèngêtan ing tulis / bôngsa Tamil ingkang wus kasoran / dangu tan wontên ucape / dènnya narima têrus / nanging dupi alami-lami / tuwuh nêdya lumawan / dening mèngêt dangu / bôngsa Tamil wus kawasa / sinêmbah ing bôngsa Singga kongsi lami / dadya janma kawasa //

dyan umangsah angadani jurit / lumawan mring Sri Drêsthadyumêna / nanging datan antuk gawe / santosaning panêmpuh / linawan ing prajurit aji / kang dhêdhasar lêgawa / adoh tindak luput / sanadyan ta pêpêrangan / ciptanira mung nêdya atindak bêcik / têmah unggul ing yuda //

wadya Tamil tan dangu ngoncati / kaprabawan utamèng narendra / kang tan kêni dèn sorake / sanggyèng drênging panêru / datan ana kang mitayani / têmah tan kadadean / cabar sêdyanipun / nuli ing salajêngira / datan tuwuh rêrêtuning bôngsa Tamil / salami-laminira //

amangsuli sri narendra mangkin / datan kêndhat dènnya anggêganjar / mring prajurit sadayane / kang samya bela pupuh / gênging dana datanpa wilis / tanapi amisudha / kang alabêt agung / marma sabibaring yuda / sanggyaning kang pra prajurit sukèng ati / saya sru bêktinira //

lawan malih sri nata anggalih / marang para warandhalingwarandhaning. wadya / kang tiwas duk paprangane / samya antuk panglipur / dèn opèni salami-lami / tinêmu tan kuciwa / têmah samya sukur / tan kêndhat pamujinira / muga nata antuk kaluhuran luwih / salami-laminira //

satêntrêming praja sri bupati / datan kêndhat ing galih karasa / maring sanggyèng kaanane / kadi duk pêrangipun / para wadya samya toh pati / pati tanpa wilangan / kongsi banjir marus / rasa kang kadi mangkana / anggung nabêt maring panggalih narpati / mawèh karasa-rasa //

ing satêmah sri narendra mangkin / kang cinipta mung arsa mranata / maring kawilujêngane / para kawulanipun / mrih dinohan godhaning ati / rahayua ing sêdya / lêstaria têrus / dinohana ing angkara / kang ing wuri mung ngrêrusak ing sasami / pinuji kalakona //

kang minôngka dhêdhasar pangudi / sri narendra anggung amranata / sumêbaring agamane / mrih jêmbar têbanipun / awit lamun kalakon pasthi / dayanira sumrambah / maring sanggyanipun / janma laladan ing Langka / kang mangkana kasêmbadan maratani / datanpa sambekala //

myang sri nata ing mangkya murwani / dhawuh maring punggawa narendra / amrih ngiyasani mangke / wisma-wisma gung-agung / panguparèng janma kang sakit / ywa kongsi kalampahan / pra kawulanipun / aroga sadalan-dalan / agungira mangguh pati mamlasasih / tanpa pangupakara //

kasêmbadan kaparêng narpati / paripurna dènira iyasa / pantiroga gêdhe-gêdhe / myang nata adhêdhawuh / angyasani pondhokan janmi / môngka pangupakara / para janma sêpuh / kang pinangguh kasangsaya / dening mangkya tinilar lena ing jurit / warga kang ngupakara //

kang mangkana tan dangu wus dadi / para sêpuh kang tan darbe warga / ngalêmpak sênêng uripe / têntrêmirèng tyas têrus / rasa lila nrahakên pati / praptaning mangsanira / pinangguh alulus / antuk pati kang sakeca / kang mangkana tuhu laku kang linuwih / tumrap jêng sri narendra //

miwah mangkya sri nata anggalih / mring lakuning pra janma padesan / ing bab têtalèn ajune / pinardi lan pituduh / mrih ywa kêmba mring laku tani / awit iku sanyata / bakuning praja gung / tan kêni kongsi kuciwa / lamun kongsi katutan lakuning tani / praja datan santosa // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 13, 5 Sawal Je 1862, 13 Pèbruari 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [193] ---

Ôngka 13, 5 Sawal Je 1862, 13 Pèbruari 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan. Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Pasar Ikan

[Grafik]

Ing nginggil punika sêsawangan ing pasar Ikan, Batawi. Ing sisih kiwa pêntasaning baita wisaya ulam, untabing têtiyang nuju sami numbas ulam.

--- 194 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab reclasseering.

II

Garèng : Ambalèni rêmbuge lagi anu kae ing bab reklasering. Ora, Truk, lagi anu kowe nêrangake, yèn karêpe reklasering kuwi: mulihake kaprajane, lo, kiyi karêpe apa mangkene upamane: sawijining bêndara kolèktur, buk odhêr utawa kasir, sing pancèn kagungan wêwatêkan brêgas lan prawira, arêp paring prêsèn suwêng blong utawa pêniti rante nyang... mas ajêng mas ajêng kae, andilalah anggone ambayar panjupuke dhuwit rada salah wèsêl, ora ngrogoh ing kanthonge dhewe, sing dirogoh jêbul ing ngêkas dhuwiting nagara, kang kapêksa banjur kudu têtêpungan karo kangjêng tuwan pursitêr landrad, sing saka wêlas asihe marang priyayi mau, banjur andhawuhake supaya bisa diopèni dening nagara lawase têlung taun. Sarampunge, reklasering mau banjur ambudidaya mulihake priyayi mau nyang kaprajane manèh, têgêse priyayi mau ditêtêpake nyang pangkate mau-maune manèh. Apa iya mêngkono, Truk.

[Grafik]

Petruk : We, hla kok banjur ngarah enake bae dhewe mêngkono. Nèk kaya rêmbugmu kuwi, rak malah mung gawe tuman bae, iya nèk wong sing pancèn tulus bêcik ing atine, kirane iya banjur bisa bêcik manèh, hla nèk atine rada pating pringkil, mêngkone rak malah bisa dadi mrongkol. Kaya ta upamane: dadi kasir icip-icip f 1000.- banjur dihotèlake prodheo 6 sasi, barêng wis luwar ditulung manèh didadèkake kasir, nanging wis ngicipi enake wong duwe dhuwit, f 1000.-, bokmanawa ora lêt suwe banjur kêpengin ngêmplok dhuwit sing dadi tanggungane manèh f 5000.- nèk iki banjur diukum, lan luware ditulung manèh dadi kasir, kiraku banjur anggaglag f 10.000.- utawa luwih. Ora mangkono, Kang Garèng, mungguh karêpe pakaryan reklasering kuwi. Sing dikarêpake: mulihake kaprajane, kuwi ambalèkake nyang kaanane mau-maune. Kowe ngrêtia, Kang Garèng, wong laku cidra sing sok nganti gêgayutan karo pangadilan, [panga...]

--- 195 ---

[...dilan,] kuwi ora kêna ditêmtokake yèn mêsthi wong ala. Ana sing nindakake laku cidra mau, jalaran saka kêpèpèt, saka judhêging atine, utawa ora ditêmaha.

Garèng : Bab kiyi, sanadyan anakku sing kudu dilairake sesuk êmbèn, iya wis ngrêti. Malah sing kalakon wis diukum, iya ana bae sing ora anduwèni dosa saupit-upita. Kaya ta upamane: ing sawijining desa ana rajapati, lurahe ing kono diplêtêr dening dara wêdana kudu olèh katêrangan, yèn nganti ora olèh gawe, diancam bakal dilêpas. Saka wêdine si lurah banjur andadak gawe pasakitan sarana nganggo disêksèni wong-wong liya. Dene sing digawe pasakitan mau iya wong sacêg-cêge bae, lumrahe wong sing disêngiti dening mas lurah mau, ing wusana tumêkane pangadilan, ing sarèhne sêksine kumpêlit, kang sabênêre ora kawêruhan yèn kabèh mau sêksi palsu, dening pangadilan pasakitan mau, ujug-ujug banjur diputus: dikrakal sajêge urip...

Petruk : Wayah, wayah, kok banjur anglairake pandakwa sing ora mèmpêr mêngkono. Tumrap ing jaman saiki sakabèhe rak wis ditindakake kanthi sampurna, apa manèh tumrape ngurus lan mutus prakara, panitipriksane mêsthi kanthi sêtiti ngati-ati bangêt, ora kok mung main antêm wèlên bae. Sanadyan pancèn ana lurah sing duwe wêwatêkan amêthakil kaya caritamu mau, mêsthine tumêkane ing pandhuwurane iya bakal kawênangan. Nèk nganti bisa kalakon kaya kandhamu mau, apa sing dadi panggêdhene lurah mau, yaiku wadana utawa asistèn wadana, picêk, lan sing nyêkêl pangadilan main mêrêm bae, sanadyan iya kudu diakoni, yèn kadhangkala pangadilan utawa panggêdhening praja kuwi, sok bisa kaliru, nanging kowe iya kudu ngèlingi, yèn panggêdhening praja utawa pangadilan, kuwi mung jênêng titah balaka, dadi ora beda karo kowe aku, iya sok bisa salah lan kaliru. Nanging nèk kaliru utawa salahe têrusan lan urut kacang mêngkono, rak iya jênêng mokal.

Garèng : Iya pancèn bênêr, yèn panggêdhening praja utawa pangadilan kuwi mung manusa blaka, kang bisa salah lan kaliru. Nanging mungguh unimu, yèn mokal bisane kalakon, nèk salah lan kalirune mau banjur nganti têrus-têrusan lan urut-urutan, yak, aku kok rada mèsêm, nèh ora andalidir wong-wong sing dhèk biyèn padha di... dhigulake.

Petruk : Hara, kok banjur nyandhak sing ora-ora mêngkono, wis, wis, saiki padha dibanjurake rêmbuge ing ngarêp. Dhèk mau aku rak wis ngomong, yèn wong kang laku cidra kuwi ora kêna yèn banjur ditêtêpake: wong ala, awit anggone anglakoni mêngkono mau bokmanawa jalaran saka kêpèpète, saka putêking atine, lan sapiturute. Kaya ta upamane mangkene: sayah saka anggone nyambut gawe mulih nêja arêp ngaso, têkan ngomah wêruh bojone lagi ngathang-athang lara, anak-anake pating griyêng padha nangis, pawone sêpi nyênyêt, jalaran ora duwe barang-barang. Yèn wong sing kaya mêngkono kuwi, saka [sa...]

--- 196 ---

[...ka] judhêg lan putêking pikirane, banjur ambêdhol sauwit telane tanggane, apa iya banjur ditêtêpake bae: wong ala, wong culika lan sapadhane...

Garèng : Hêk, hêk, hêk, wah, Truk, ngrungu kandhamu kiyi atiku banjur krasa anglês bangêt, jalaran kèlingan nalikane aku kêpengin bangêt mangan: cab cae godhog, kuwi nganti dak lakoni ngulu kêthipe bakyumu. Nanging nganti dak srantèkake têlung dina kêthipe jêbul ora kêcandhak-candhak, bisane kêcandhak barêng kêpenginku nyang cab cae wis ilang, yaiku wis lêt pirang-pirang dina, sauwise aku urus-urus.

Petruk : Wayah, hla kuwi nèk Kang Garèng, omonge sok banjur mlantrang-mlantrang mêngkono. Wis, rêmbuge dilèrèni samene bae.

Konprènsi ing Pura Konêngsêplin

[Grafik]

Kala ing dintên Jumuwah tanggal kaping 29 Januari kapêngkêr, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral tuwin para agêng, inggih para warga rad Indhia, dhirèktur-dhirèktur dhepartêmèn, tuwin sanès-sanèsipun, konprènsi kalihan paduka ministêr Mr. Dr. L.N. Deckers, badhe ngrêmbag ing bab wigatos, ingkang gêgayutan kalihan prakawis praja. Kados ingkang kacêtha ing gambar.

Saking kiwa manêngên: Upsir laut, Tuwan G.G. Bozuma, ajudanipun ministêr Deckers, Tuwan G.R. Erdbrink, P.A.A. Kusumayuda, ministêr Mr. Dr. L.N. Deckers, Paduka Kangjêng Tuwan Gupêrnur Jendral Jhr. Mr. B.C. de Jonge, P.J. Gerke, algêminê sekrêtaris Prof. Mr. A.H.M.J. van Kan, J.W. Meyer Ranneft, pangarsa rad kawula, Jhr. J.G.A. ten Siethoff, sekrêtaris rad pan Indhi, Dr. P.J.A. Idenburg, repêrêndharis ing algêminê sekrêtari, Schout-bij-nacht J.F. Osten, L.H.W. van Sandick, Litnan Gêneral H.A. Cramer, C.W.A. Bodenhausen, R.A.A.A Jayadiningrat, W.Ch. Hardeman, C. van den Bussche dhirèktur pinansiyên, lan B.J. de Leeuw, thesaurier generaal.

--- 197 ---

Panggulawênthah

Rasa KatrêsnananingKatrêsnaning. Biyung Marang Anak.

[Dhandhanggula]

Amèngèti tanduking rèh manis / mrih widada tataning paminta / mêmayu ayuning rare / duk wiwit kalanipun / nèng wêtêngan dèn eman yêkti / lair têkèng diwasa / malah saya wuwuh / katrêsnaning biyungira / marang sira kêna uga dèn wastani / sasat kancana wingka //

nadyan ala pangrasaning wibi / kaya-kaya jagad tanpa timbang / kang katongton amung kowe / lamun wêruh sirèku / ambadhêdhêg rasaning ati / yèn ta kawahyèng sastra / nalikane ngandhut / dhuh roh ingsun kang kasandhang / nèng wêtêngku rina wêngi sun pêpuji / tulusa dadya rowang //

sun siriki bukti miwah guling / lire pangan kang dadèkkên sabab / sumawana lamun sare / turuku ywa kaladuk / mung dak gawe atômba arip / nanging sangsaya sêbah / galêlês angêpluk / sun sirik dingucap ala / lire mêmoyoki lan sikarèng urip / ywa kongsi katularan //

yèn ngong ngucap nyêbut jabang bayi / awit saking pangemanku marang / benjing yèn wus babar rare / aja kongsi aniru / patrap lawan rupa tan yogi / mangkya pangandhut ingwang / antuk nêm côndrèku / katon wiwit mrucul sira / asring krasa karoncalan amolahi / malah suka tyas ingwang //

nadyan amung nèng pangrasèng ati / rumasèng sun kadya katurutan / darbe suta drongèh-drongèh / klakon angudi sunu / karya gantya suka sakalir / lan jampining kaardan / têntrêm nyawang sunu / pamudyèngsun saya nyêngka / mamrih sira manggiha arja basuki / kalis ing saniskara //

marma ingsun labuhi sêsirih / marang tatèng laku mrih utama / nyênyêgêr angganta anggèr / aywa kongsi anêmu / sambekala kewuhing urip / mangkya anggung kulina / tumindak abêsus / risik ing sabarang karya / pakolèhe mawèh rahayuning dhiri / nênuntun kasarasan //

sabên enjing tumrontong hyang rawi / pungun-pungun mangkat adus sigra / wusnya rampung sigra ngombe / jamu pait kalangkung / tarlèn saking pangudi mami / wuwuhing warasira / wit warasan ingsun / anumusi maring sira / marma sira kalamun waras sayêkti / dinohan sarap sawan //

mangkya lamun jangkêp sangang sasi / wus mangsane sira arsa babar / ingsun asêsaji age / nyawisi ing praptamu / muncul saking gwagarba mami / lair mring alam donya / mitêg raosipun / adhuh laraning jiwèngwang / yayah pêtêng manaput mulêt linuting / lara sèwu atunggal //

datan kurang wong anandhang sakit / sèsining rat datanpa atimbang / nimbangi lare ngong kiye / panon pêtêng kalangkung / tambahana pêtêng sabumi / tangèh lamun miriba / pindha pêtêng ingsun / saking wus pantoging lara / yayah murca jiwaningsun anêmahi / paranbaya wak ingwang //

dupi èngêt sira cêngèr nangis / gilang-gilang gumlinting ing jogan / pindha anguwuh biyunge / yèn ta kuwata ingsun / ingsun êmban lan ingsun liling / nanggapi praptanira / pancèn wus ngong gayuh / nanging ingsun datan kangkat / labêt saking kêkadukên nandhang sakit / dadya mung kandhêg trêsna //

mulat sira wêlasku kapati / yèn bangkita waras angganingwang / kumudu angajak kowe / nanging rasèng tyasipun /

--- 198 ---

pindha manggih rêtna sawukir / sakèhing pêpenginan / myang sênêng sadarum / sirna larut kerup sira / datan ana kasukan sèsining bumi / ingkang ngungkuli sira //

ing sajrone sira maksih bayi / durung bangkit apa-apa /Kurang dua suku kata: durung bangkit bisa apa-apa. ya ta kang dadya pangane / ngêmungkên banyu susu / kang cumawis ing jaja mami / marma yèn sira ngêlak / ngêlih nangis jaluk / nulya ngong sêsêpi sira / mulanira tan kêndhat gon ingsun budi / mamrih bancaring tirta //

sabên ari tan kêndhat jêjampi / sumawana wuwung gêbyur tirta / ing dalu kalamun sare / sèndhèn amilang usuk / patang puluh dina mungkasi / angganira katara / mundhak agêngipun / karya sukaning tyas ingwang / parandene sira tan kêndhat ngong godhi / dadya lurus angganta //

eman têmên yèn katrajang sakit / karya kontag ngênês angganingwang / siyang pantara ratrine / sun udi mamrihipun / aglis waras waluya jati / ngêtog saliring guna / dhoktêr miwah dhukun / tak labuhi tarak brata / nora ketang bôndha êntèk tan praduli / ambujung nyawanira //

aja manèh êntèking mas picis / ing samêndhang datan ingsun rasa / yèn kêna môngka lirune / aku bae kang rapuh / janji sira masih basuki / labêting trêsnaningwang / têrus pangrêksaku / ambudi ing warasira / sabên ari akuthah sêsukêr masthi / abote darbe suta //

nanging nora rinasa saksirik / malah tansah nliti sukêrira / katon waras lan orane / yèn kurang warasipun / sun jamoni dimène aglis / lêmu enggal walagang / gêdhe klawun-lawun / ngong parsudi buktinira / aywa kongsi nangis akarasa ngêlih / wit saking kurang pangan //

dak labuhi wirang miwah isin / nora ketang bêdhag buruh marang / tôngga têparo pamane / nambut kardi anutug / guwang dhapur bujung umuring / siwi mamrih bisaa / anyandhangi wutuh / mangan warêg sabên dina / nora ketang ingsun indhit ingsun cangking / labêt tan bêtah pisah //

yèn dak tinggal tan tega sathithik / tarlèn saking dènnya was sumêlang / tan ketang dadi guyone / sun juju kaya manuk / ingsun kêmpit apindha jarit / tan wêdi arip sayah / siyang lingsir dalu / têkên janggut suku jaja / labêt aywa nganti tinangisan siwi / gêmpalaning jiwèngwang //

saya gêdhe trêsnaku aluwih / nora kêndhat gonku gulawênthah / mamrih wuwuh ing artine / supayanira besuk / bisa dadi janma kang mursid / bangkit wruh ing kotaman / klakon bisa bêsus / mumpuni sabarang karya / ewadene pangrasèku maksih cilik / tangèh lamun tegaa //

nadyan ta wus gêdhe tuwa dadi / urip amêngku butuh priyôngga / lagya suda swatarane / ananging jatinipun / maksih dadi gagasan yêkti / yèn anak kamlaratan / lan nêmu pakewuh / luwih ing panggagas ingwang / tansah dadi karasa rasaning ati / trêsnaku kadêdawa //

sayêktine mungguh trêsnèng wibi / ing salama ajêg tanpa owah / mung wêlas asih anane / kosokbaline sunu / durung tamtu yèn trêsna yêkti / nimbangi trêsnèng biyang / marma dipun emut / malêsa mring ibunira / yèn utanga nora cukup kosauri / dhuwit sèwu rupiyah //

mung tujunên karênaning ati / lambarana gunging bêktinira / dianda tansah yêktine / srahna bae nyawamu / akèh wani ywa wani wibi / gêdhe wêwalatira / sêdaning ibumu / yèn kasêrikakên putra / ngucap pisan kinabulakên Hyang Widhi / wêkasan katêmahan //§ Karangan punika sae, mèmpêr karangan ing V.A. 1921. Red.

Darmacarita, dhalang ing Wanagiri.

--- 199 ---

Bab Tanêman

Kangkung

Ing sabên panggenan ingkang mirah toya, tarkadhang kathah tiyang nanêm kangkung. Kangkung punika bangsaning sayuran ingkang ngêlung, bangsanipun cênil sêmanggi lan sapanunggilanipun, inggih punika ingkang gêsangipun wontên ing papan ingkang mirah toya, ing panggenan ingkang kathah umbulipun, utawi ing papan ingkang êmbêl-êmbêl, ingkang padatanipun angèl dipun tanêmi ing sanèsipun. Kangkung punika nalolor, kadosdene êlunging katela rambat. Manawi wontên ing papan ingkang awis toya, botên sagêd gêsang.

Kangkung punika gampil sangêt pangupakara sarta gêsangipun, punapa malih kawical botên sugih ama. Manawi sampun nanêm sapisan sarta sagêd gêsang, dumugi ing salajêngipun sampun botên susah nanêmi malih. Amargi lungipun ingkang sampun ngoyod, inggih punika kêkantunanipun ingkang sampun dipun pêndhêt, sagêd trubus malih mêdal sêmènipun, makatên salajêngipun. Mênggah ingkang dipun tanêm punika saperanganing uwitipun ingkang ênèm, panjangipun watawis sacêngkang, punika dipun tancêpakên ing leleran, inggih punika pasitèn ingkang badhe dipun tanêmi. Dados pananêmipun kados rekanipun nanêm lung tela rambat.

Manawi sampun rampung pananêmipun, panjagi sanès-sanèsipun prasasat sampun botên wontên, kajawi namung dipun angkah supados toyanipun dados ilèn-ilèn, dados botên dipun kêmbong kados tanêman pantun. Umuripun kangkung punika sawulan, dados sabên wulan sampun sagêd ngundhuh. Ingkang dipun alap êlungipun ingkang ênèm-ênèm, dipun pêthiki sarana mawi ani-ani, sabên sampun angsal satêkêm dipun tangsuli mawi tutus. Sabên mêntas dipun pêthiki makatên punika, êlung kêkantunanipun katingal pating crongot, punika sampun dados wiji tumrap tanêman enggal, ingkang ing têmbenipun turut ing ros-rosan sami tuwuh sêmènipun enggal.

Tunggaking êlung mêntas nen-nenan enggal, punika dipun sarugi mawi sorog, ingkang wujudipun kados garu tanpa unton-unton. Sorog punika alit kemawon, panyorogipun cêkap namung sarana tangan. Mila dipun sorog, pamrihipun êndhut ingkang wontên peranganing leleran ingkang nginggil sagêd ical, sarta makatên punika prasasat minôngka pamatunipun. Gunanipun malih dipun sorogi, supados kangkungipun sagêd mêmês, manawi dipun kulup botên kakên. Pangupakara makatên punika têrus ing salajêngipun, inggih punika sabên mêntas dipun ênèni.

Ing nginggil sampun dipun pratelakakên, bilih kangkung punika mèh kalis ing ama. Anggènipun dipun têmbungakên makatên wau, jalaran ingkang dados amanipun punika sanès bangsaning kewan, ulêr, urèt utawi gêgrêmêtan sanèsipun, [sanèsipu...]

--- 200 ---

[...n,] dene ingkang dados amanipun wanci (môngsa), inggih punika ing mangsanipun kathah pêdhut ing wanci enjing, dados nuju ing wanci rêndhêngan. Manawi enjing môngka wontên pêdhut, ing kangkungan lajêng kathah sawangipun ingkang sami têlês dening êbun. Manawi makatên, êlungipun sami purêt, godhongipun katingal pating klunthung, ingkang wusananipun sagêd anjalari lan pêjahipun. Malah manawi pêdhut punika asring wontên, tanêman kangkung sagêd pêjah saoyod-oyodipun. Mila manawi môngsa makatên, tanêman kangkung ingkang ing môngsa katiga lêdhung-lêdhung angrêmbuyung, lajêng katingal pating klunthung, kêdhokanipun sami buthak-buthak, dening tanêmanipun sampun sami pêjah. Ama saking pêdhut punika sarana kangge ngusadani sampun botên wontên malih akalipun.

[Grafik]

Kangkung.

Kangkung punika dados sayuran ingkang luwêsan, têgêsipun kenging dipun olah warni-warni, upami: dipun pêcêl, dipun gudhang, dipun tomis, dipun kêla lan sapanunggilanipun.

Tanêman kangkung punika dêrês sangêt asilipun, sabên wulan sagêd ngundhuh. Malah manawi kêdhokanipun wiyar, sabên dintên botên kêndhat anggènipun ngênèni. Amargi satêlasing kangkung ingkang pungkasan, nen-nenan ingkang kawitan sampun kenging dipun ênèni malih. Emanipun dene botên kenging katanêm ing sadhengah papan, namung kêdah ing papan ingkang mirah toya. Dene manawi kalihan pamêdalipun pantun, kasilipun kangkung bokmanawi sagêd tikêl.

Sa-ta.

Pawartos saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 392 ing Purwadadi. Ngaturi priksa, ing Kajawèn nomêr 8, kaca 149 nyandhak kaca 150 punika lêpat panatanipun. Mriksanana tigang larik ngandhap, lêrêsipun wontên ing nginggil piyambak.

Lêngganan nomêr 2481 ing Blabak. a. Kajawèn sampun dipun kintuni, wontên tanggal 5-2 '32. b. Bab Babad Rônggawarsitan pitakèna dhatêng Radèn Ngabèi Ônggapradata, ing Klathèn. c. Bab pakabaran sampun katampi, nanging botên kapacak, sampun kasèp.

--- 201 ---

Kawruh Sawatawis

Katrangan Bab Jamur Dipa

Ing Kajawèn ôngka 101-VI kaca 1595 ingkang sampun katêrangakên dhatêng sadhèrèk Nawardi M.S.

Cêkakipun, katrangan wau sampun lêrês, yèn aslinipun saking Dhitslan, namung kirang têrang naminipun, mila lajêng kadêrêng manah kula badhe kula têrangakên ingkang sagêd cêtha sangêt.

Ing nalika kula nyambut damêl ing laboran, pabrik sêpiritus, Comal, kula sumêrêp jampi ingkang pinangkanipun saking lis gêsèlsêkhap, ambêrêh Dhitslan, kawastanan Floraylin (Phloraelin) dene dayanipun, phloraelin punika sami kalihan ragi ing tanah Jawi, ingkang asring kadamêl tape. Pandamêlipun sêpiritus, utawi alkohol, punika cara-caranipun makatên: ingkang sakawit tètès (Melase) kacampuran toya ingkang ngantos ukuran Be. (nyome) 9 utawi 10, lajêng kadekekan phloraelin, yèn phloraelin wau sampun kacampurakên sarta sampun campur lêrês, tètès wau lajêng katingal umob, kados umobipun limun, yèn sampun sipêng sadalu gandanipun tètès wau lajêng mambêt gandaning tape, kêcut, ing ngriku lajêng kalêbêtakên ing tong agêng kacampuran malih tètès ingkang Be. 9-10, ngantos sak kêbakipun tong wau, yèn sampun sipêng sadalu, ugi lajêng tètès ing tong agêng wau umob, sarta gandanipun inggih mambêt tape, ing têmbungipun Walandi kawastanan mudhêrgis (Moedergeest) utawi Jawinipun bibitan.

Ing jaman kina para bôngsa Tionghwa pandamêlipun arak utawi alkohol, punika ugi tètès dipun tape mawi ragi tanah Jawi, utawi kêtan dipun tape, dene raginipun punika kadadosanipun saking cabe lan bawang, punika lajêng ngawontênakên jamur pêthak.

Ploraelin, kajawi kenging kangge jantuning tètès ingkang kadamêl arak, punika inggih kenging kangge jantunipun roti, prêlunipun sagêd mêlar. Dados sayêktosipun ingkang kawastanan jamur dipa punika salugu namung tape toya tèh, yèn kalajêngakên dados cokak tèh, utawi lêgèn tèh. Kados para sadhèrèk sampun nate mariksani cokak arèn, yèn lêgènipun arèn punika sagêd dados cokak, pandamêlipun, cokak wau saking lêgèn, kalêbêtakên ing gêndul, sasagêd-sagêd lajêng kaêpe, yèn sampun dados lajêng kasimpên dangu sangêt, ing nginggilipun cokak wau wontên yiyidipun, kithêr-kithêr ngoyor, kithêr-kithêr wau kawastanan ari-ari cokak, dayanipun sami kalihan kithêr-kithêring jamur dipa. Cokak punika têmbungipun kilenan kawastanan Azijn-zuur. Dados, cokak punika sanèsipun saking klapa utawi arèn, punika ugi sagêd andamêlkadamêl. saking gêndhis pasir kacampuran toya lajêng kasukanan ploraelin

--- 202 ---

utawi ragi, wastanipun tape gêndhis, dangu-dangu dados cokak, yèn katêrusakên sagêd dados bibitipun cokak, sarana kamasak malih. Dene yèn para sadhèrèk badhe damêl jamur dipa ingkang saking ragi ugi sagêd, jalaran salaminipun ing Kêjawèn, ngêwrat pawartos jamur dipa, kula lajêng mrêlokakên, ningali wujudipun, sarta kula raosakên toyanipun, ing ngriku kula sagêd anggagas, sarêng sampun dumugi ing griya, kula cobi, damêl toya tèh kasukanan gêndhis, lajêng sarêng sampun asrêp, kula sukani ragi bumbu damêl tape, sasampunipun 3 dintên toyanipun kêcut, ing nginggil ragi nglamat-lamat pêthak kados yiyid, dumuginipun 5 dintên lajêng miwiti cêtha yiyid wau katingal pêthak, toya tèh kula santuni, sarta kula sukani gêndhis ingkang raosipun namung mônda-mônda kemawon, lajêng kula sukani yiyid ingkang sampun dados, ngantos sapriki lajêng dados agêng kandêl katingal kados lapis-lapis. Dados yèn makatên, jamur dipa punika satunggiling jamuring tape.

Toyanipun jamur tape (jamur dipa) raosipun kêcut, sadaya ingkang kêcut-kêcut punika anggadhahi daya nglêbur têtêdhan ing salêbêting wadhuk, mila najis-najisipun sarêng kêkathahên kêcut, lajêng lêmês, yèn kêkathahên panêdhanipun kêcut, punika sagêd kalampahan murus, toya tèh punika raosipun sêpêt, ingkang kraos sêpêt punika têmbungipun kilenan kawastanan luisir (Luizur). Luisir punika anggadhahi daya kangge jampi sakit mêjên, têtoya umbêl. Limrahipun tiyang Jawi yèn sakit mêjên punika lajêng dipun jampèni sêpêt-sêpêt, prêlunipun mumpêt. Ing salêbêtipun toya jamur wau wontên gêndhisipun, ingkang ngadat, nitik cariyosipun para ahli jampi, gêndhis punika gadhah daya ngiyatakên jantung.

Nitik kawontênan daya-daya ing nginggil, dados toya jamur dipa punika gadhah daya no.1, najis lêmês, 2 ngicalakên watuk, 3 ngicalakên ngêrês linu, 4 ampêt-ampêt tiyang mêjên, 5 jantung sagêd kiyat, saya tumrap tiyang ingkang gadhha sakit ambèi, tiyang ingkang sakit makatên wau, prayogi sangêt najisipun kêdah cuwèr. Bab punika namung kula sumanggakakên dhatêng para ahli. Dados upami kula ngombe toya jamur dipa punika, botên wontên rubedanipun, bilih anggènipun ngombe punika kacampur ing toya ingkang bêntèr, kados upami toya jamur tape 1/2 cangkir, lajêng kacampur malih 1/2 cangkir toya tèh ingkang bêntèr lajêng kaunjuk. Prêlunipun bilih ing mriku wontên baksilipun sagêd pêjah, anamung bilih jamur dipanipun, kados botên sagêd thukul ing salêbêting wêtêng, jalaran ing salêbêtipun padharan punika kathah cêcampuranipun ingkang botên sagêd anggêsangakên jamur wau, kauningana.

Suleman.

Kuwijan, Pêkalongan

--- 203 ---

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

Jaman malèsèt lan kawontênan.

[Grafik]

Sêsawangan gêdhong-gêdhong ing New York (Amerika)

Tumrap ing jaman samangke ingkang tansah dados sêkar lathining tiyang botên sanès ngêmungakên ing bab pangamukipun gêndruwo malèsèt. Inggih ing panggenanipun tiyang gadhah damêl, ing papan kêndhurèn, cêkakipun sabên wontên tiyang rubung-rubung, ingkang tansah dados ajanging rêmbag, inggih ing bab: malèsèt. Manawi miturut pawartos ing sêrat-sêrat kabar, punapadene ing sakathahing kalawarti, kados inggih pancèn nyata, bilih pangamukipun malèsèt wau botên lajêng mêndha, nanging malah saya anggêgirisi. Kadospundi mênggahing nyatanipun? Manawi ningali ombyaking tiyang wontên ing dintên lêbaran tuwin ing dhawahing dintên taun enggal bangsa Tionghoa, punika kados botên mantra-mantra bilih tanahipun piyambak samangke sawêg katrajang ing bêbaya kêmlaratan ingkang sakalangkung adamêl kêkêsing tiyang. Sapintên kathahing arta ingkang kabucal tanpa tanja minangka kangge mahargyakakên wontênipun dintên agêng warni kalih wau? Pintên kathahing arta, ingkang dipun pigunakakên kangge numbas mrêcon, sandhang pangangge enggal, dhêdhaharan lan sasaminipun, kintên-kintên tanpa wontên wicalanipun. Kula botên badhe maibên dhatêng tiyang ingkang badhe angluhurakên dhatêng adat tatacaraning para lêluhuripun, utawi badhe mahargya dintên agêng miturut prentahing agaminipun piyambak-piyambak. Nanging sadaya punika punapa kenging dipun tindakakên ingkang kanthi prasaja, têgêsipun ingkang botên sarana ambucal arta kathah, ingkang kêrêp kenging dipun wastani tanpa tanja wau. Èngêt para sadhèrèk, bilih jaman rêkaos punika botên tumuntên badhe kèndêl, nanging miturut petangan, saya dangu saya badhe ngrêbda, lan èngêt bilih ing jaman samangke dhatêngipun kasusahan tuwin kacilakan punika tanpa mawi taha-taha langkung rumiyin, nanging asring sangêt kanthi blêjogan kemawon. Kados botên langka wontênipun tiyang ingkang ing samangke ngrumaosi: mukti, ingaji-aji ingakathah jalaran saking luhuring pangkat tuwin agêng blanjanipun, nanging botên watawis dintên malih ical kawibawanipun dening lajêng kataman ing mêmala bezuiniging. Amila sintên ingkang taksih kaparingan kabêgjan ginadhuhan padamêlan tuwin pangkat, mugi ingkang ngatos-atos panggadhenipun wau, sampun gumampil utawi kirang wêweka, awit padamêlan tuwin pangkatipun wau namung nama dipun gadhuhakên, têgêsipun: wontên mangsanipun padamêlan tuwin pangkatipun wau lajêng dipun jabêl dening ingkang kuwaos.

--- 204 ---

Makatên ugi mênggahing arta, tumraping jaman rêkaos makatên punika, sampun gumampil pambucalipun, têgêsipun: sampun dipun pigunakakên punapa-punapa ingkang tanpa dunung.

Ngèngêtana, bilih kawontênan ing donya punika botên wontên ingkang langgêng. Ingkang suwaunipun katingal mêncorong tuwin mompyor-mompyor, sok dhawah mangsanipun ingkang lajêng katingal kucêm saha ambalêrêt. Kosokwangsulipun ingkang suwaunipun katingal ina lan nistha, ing wusana sok lajêng gumêbyar prasasat kadosdene sagêd amadhangi jagad raya.

Amrih têrangipun, bilih ing donya punika botên wontên kawontênan ingkang sagêd langgêng, ingriki kados prêlu mêndhêt tuladan sawatawis, ingkang ugi suka wawasan sakêdhik mênggah tuwuhing jaman rêkaos punika.

Ing kala taun 1930 karajan Amerika punika kenging dipun wastani praja abandha-bandhu, gêmah ripah loh jinawi. Saking sugih saha bandha-bandhunipun wau, ngantos punapa ingkang dipun anggêp anèh lan punapa ingkang adamêl gumuning jagad, wontênipun inggih prasasat kadosdene namung ing Amerika. Kados ta: sintên ingkang sampun andarmakakên arta kathahipun ngantos 4 1/2 yuta rupiyah minangka kangge yasa gêdhong dami (vredespaleis) ing Den Haag (nagari Walandi)? Inggih tiyang bangsa Amerika, inggih punika Tuwan Carnegie. Sintên ingkang kacariyosakên sugih-sugihing tiyang ing alam donya punika, botên sanès inggih tiyang Amerika, Tuwan Rockefeller. Sintên ingkang kacêluk raja lisah, raja sêpur, raja motor lan sasaminipun, inggih ngêmungakên têtiyang bangsa Amerika. Ing pundi wontên nagari ingkang gêdhong-gêdhongipun saklangkung agêng lan inggil, ngantos kenging dipun wastani inggilipun sundhul langit, inggih botên wontên malih kajawi wontên ing Amerika, inggih punika wontên ing New York, Chicago, lan taksih wontên malih sanès-sanèsipun. Cêkakipun ing Amerika punika, saking kathahipun punapa-punapa ingkang anèh saha ngeram-eramakên, ngantos nagari Amerika lajêng dipun sêbut ing tiyang: nagari kamokalan.

Mênggah sabab-sababipun dene nagari Amerika sagêd samantên kaluhuran tuwin kawibawanipun among dagang, palayaran, kabudidayan, kagunan lan sasaminipun, saklangkung majêng sangêt, ngantos anjalari Amerika dados langganan agêng tumrap barang-barang tuwin pamêdalipun sanès-sanès nagari ing saindênging jagad.

Nanging ing taun 1931, rêja lan gêmahing tanah Amerika wau, ujug-ujug kenging dipun ibaratakên kadosdene sêgêring têtanêman ingkang lajêng alum godhongipun, saha dangunging dangu dados jêne warninipun. Gêmah lan rêjaning nagari ing wusana lajêng dipun gantos dening kamunduraning ekonomie.

Wontênipun among dagang, palayaran, kabudidayan, kagunan lan sasaminipun, kathah ingkang kèndêl, kathah ingkang katutup utawi kathah ingkang dipun alitakên. Ing wusana lajêng nuwuhakên mowat-mawutipun ekonomie. Ing têngah-têngahanipun taun 1931 wontênipun bank-bank inggih lajêng kathah ingkang katutup, ingkang anjalari mowat-mawutipun lampahing arta.

Jalaran udrêg-udrêgan kados kasêbut nginggil, sampun têmtu bilih kathahing kabudidayan tuwin sasaminipun ingkang sami katutup lan kakèndêlan wau, sami ngèndêli para punggawanipun, ingkang anyababakên saya kathah wontênipun tiyang angguran, ingkang dangunging dangu ngantos yutan cacahipun. Ingkang makatên wau saya adamêl rêribêding praja.

Ingajêng sampun kacariyosakên, bilih tanah Amerika punika langganan agêng tumrap barang saha pamêdalipun praja sanès-sanès ing saindênging jagad. Jalaran saking morat-mariting arta tuwin ekonomie ing salabêtipunsalêbêtipun. praja, sampun têmtu bilih sêsrawungan saha gêgayutanipun dêdagangan kalihan sanès-sanès nagari inggih lajêng kapêksa dipun kèndêli lan dipun suda. Ingkang makatên punika atêgês: barang tuwin pamêdalipun sanès-sanès praja botên sagêd kasade dhatêng Amerika, inggih punika nagari ingkang agêng piyambak panumbasipun barang tuwin pamêdalipun sanès-sanès praja wau. Ing wusana ing sarèhning praja-praja wau barang tuwin pamêdalipun sami kathah ingkang botên sagêd kasade, saha lajêng ngêmungakên katumpuk-tumpuk kemawon, inggih lajêng kathah kabudidayan, palayaran lan sasaminipun, ingkang lajêng katutup, ingkang anjalari kathahing kaum buruh sami dipun kèndêli saking padamêlanipun, dados cacahing tiyang angguran saya mindhak-mindhak kathah, lan ugi anjalari munduring ekonomie, ingkang danguning dangu nuwuhakên mowat-mawuting ekonomie tuwin arta.

Kados sampun cêkap samantên kemawon mênggahing sêsrawunganipun tanah Amerika kalihan praja sanès-sanèsipun ing saindênging jagad. Samangke ngandharakên sawatawis mênggah sêsrawunganipun tanah Amerika lan sanèsipun praja kalihan tanah Indonesia ngriki.

Mênggah sajatosipun tanah ngriki punika pancèn inggih nyata satunggiling tanah gêmah ripah loh jinawi. Sadaya têtuwuhan ingkang katanêm wontên ingriki, mêsthi sagêd subur tuwin kathah pamêdalipun.

Amila inggih botên anèh, bilih kathah bangsa manca ingkang sami lajêng ambikak kabudidayan wontên ingriki, kados ta: sata, tèh, karèt, sêre lan sasaminipun, ingkang angsal-angsalanipun kasade wontên ing sanès praja. Makatên ugi nagari, inggih kagungan kabudidayan piyambak, inggih punika kabudidayan: karèt, kênini lan sanès-sanèsipun, ingkang angsal-angsalanipun ugi kasade wontên ing sajawining praja. Malah nagari ugi kagungan pamêlikan,

--- 205 ---

inggih punika pamêlikan timah. Pêpajênganing angsal-angsalanipun kabudidayan tuwin pamêlikan nagari wau, ingkang kasade wontên sanès-sanès praja, pancèn inggih botên sakêdhik, sarta kenging dipun wastani pitulungan agêng tumrap nagari minangka kangge wragadipun panyêpênging praja ing tanah Indonesia ngriki. Makatên ugi kathahing kabudidayan-kabudidayan partikêlir, ingkang sataun-taunipun sagêd ngundhuh kauntungan pintên-pintên yuta rupiyah, punika ugi satunggiling tuking pamêdal tumrap nagari, jalaran pajêgipun kabudidayan-kabudidayan partikêlir wau pancèn inggih nama botên sakêdhik.

Nanging kadosdene ingkang sampun kacariyosakên inginggil, kawontênanipun praja-praja sanès ing saindênging jagad punika samangke sagêd amanggih jaman rêkaos sangêt, jalaran saking mowat-mawuting ekonomie tuwin artanipun, ingkang anjalari lajêng botên sagêd anumbasi barang tuwin pamêdalipun kabudidayan-kabudidayan saha pamêlikan ing tanah Indonesia ngriki. Ing sarèhning botên pêpajêngan, kathahing kabudidayan tuwin pamêlikan wau inggih lajêng kathah ingkang kapêksa kêdah dipun tutup saha angèndêli para punggawanipun. Jalaran saking punika ing tanah ngriki inggih lajêng tuwuh mowat-mawuting ekonomie lan mowat-mawutipun ing bab babagan arta. Kawêwahan cacahing tiyang angguran, ingkang jalaran saking dipun kèndêli saking padamêlanipun wau, saya dangu saya mindhak kathah, punika saya damêl ribêding nagari.

Miturut andharan inginggil dados sampun cêtha, bilih aslinipun nagari punika kathah sudanipun, inggih punika jalaran saking panampinipun sudaning arta pajêg kabudidayan-kabudidayan partikêlir dening kathah ingkang sami katutup, lan botên pêpajênganing angsal-angsalanipun kabudidayan tuwin pamêlikanipun piyambak.

Kawêwahan malih sudaning pangasilanipun nagari, ingkang jalaran saking kêndhoning lampah: padagangan, palayaran lan sasaminipun wau, inggih punika kiranging pamêdalipun sadaya pakaryan nagari, kados ta: pakaryan pabeyan, sêpur, post lan taksih kathah malih tunggilipun.

Ing mangka ingkang dados wragadipun nagari punika tansah ajêg kemawon. Ingkang punika manawi kawontênan ingkang kados makatên wau tansah kalajêng-lajêng, tanpa wontên mêndhanipun, botên wande nagari mêsthi dados karang abang. Tumrap ngalang-alangi sampun ngantos prajanipun kalajêng-lajêng kacêmplung ing jurang kasangsaran, amila nagari lajêng kêrsa ngawontênakên pranatan-pranatan ingkang sabrebetan katingal: tega, têgêl, siya lan sasaminipun, inggih punika: ngèndêli sadaya yêyasan, ingkang sanadyan prêlu tumrap umum nanging kathah wragadipun: ngindhakakên pajêg ingkang adamêl mèyèk-mèyèking sintêna ingkang sami kataman; ngirangi blanjaning para punggawanipun; nyuda cacahing punggawa ingkang ugi anjalari wêwahing cacahipun kaum angguran; lan taksih kathah malih pranatan sanès-sanèsipun, ingkang kakintên sagêd nyuda wêdaling arta nagari. Kados sampun cêkap samantên kemawon.

[Grafik]

Papan pamêlikan timah ing Billiton.

Sanadyan sampun samantên têbihing rekadayanipun nagari anggèning badhe nyuda wêdaling arta, ewasamantên miturut glagatipun kados-kados botên rampung utawi kandhêg samantên kemawon.

Jalaran saking punika, ingriki kapêksa wontên ature minangka pêpèngêt dhatêng panjênênganipun sadaya, tumrap para priyantun ingkang taksih sami ngasta damêl kêdah angagêngna wêweka, bêbasan: pupur sadurunge bênjut (langkung utami). Dados cêkakipun ingkang ngatos-atos, sampun ngantos gêsangipun kasampe bêbayaning jaman. Makatên ugi tumrap para sadhèrèk mardika ingkang sampun sae panggêsanganipun, kêdah langkung ngatos-atos, awit saupami lena sakêdhik kemawon tamtu badhe kecalan panggêsangan, alitipun suda panggêsanganipun, dening pangridhuning kawontênan ingkang lêrêsipun badhe rêbatan wau.

Minangka panutuping pangobrolan punika, kula sadaya kêdah tansah ajagi-jagi murih wilujênga sampun ngantos kambah ing bêbaya rêkaos punika. Amila mangga sami donga-dinonga kemawon.

PÊNTHUL.

--- 206 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI.

Kèndêl saking anggènipun jumênêng bupati. R.T.A. Sumodiputro, bupati ing Sidoarjo, kèndêl anggènipun jumênêng bupati saking panyuwunipun piyambak, jalaran sampun lami anggènipun ngasta padamêlan.

Mangga para patih tuwin wêdana samia nglampahi: "pati gêni pitung dina pitung bêngi". Bokmanawi kemawon sagêd nampi wahyu cakraningrat.

[Grafik]

Pilihan bestuur P.G.H.B. Congres P.G.H.B. ingkang kawontênakên ing Cirêbon ngawontênakên pilihan bestuur enggal, mênggah pikantukipun kados ingkang kacêtha ing gambar. Ingkang lênggah saking kiwa manêngên: Tuwan-tuwan Muhamad Yogasara, artaka; Ilyar Sutan Pamenan, panitra I, R.P. Prawiradinata, pangarsa; Tjik Nang, muda pangarsa; Muhamad Ansar, juru nupiksa. Ingkang ngadêg saking têngên mangiwa; Tuwan-tuwan Kaswanda Sasmitadiharja, juru nupiksa; Royan Sutan Salim, juru nupiksa; Surawijaya, redacteur Persatuan Guru, Sumaharja, juru nupiksa.

Dr. Amir mêdal saking politiek. Wontên pawartos, Dr. Amir satunggiling sawung Partai Rakyat Indonesia mêdal saking pakêmpalan, jalaran saking botên gadhah wêkdal kangge nindakakên babagan politiek.

Doktor Amir punika bangsa Malayu (Sumatra) asli wêdalan Stovia, lajêng nglajêngakên sinau dhatêng nagari Walandi ing bab babagan sêsakit saraf. Jalaran saking ing Bêtawi botên kathah doktêr ahli sêsakit kados makatên, mila padamêlanipun kathah sangêt.

Pakêmpalan Muhammadiyah ing Ngayogya badhe damêl gêdhong enggal. Pakêmpalan Muhammadiyah ing Ngayogya gadhah sêdya badhe ngêdêgakên gêdhong agêng wontên ing papan ingkang rame, prêlu badhe kangge gêdhong pêpanggihan utawi taman pustaka, dipun jangkêpi dalah prabotipun. Kajawi punika ugi kangge amal nyadhiyani sawarnining pakêmpalan ingkang tunggil nagari tanpa pilah bangsa, bilih wontên panêdhanipun.

Sêdya punika utami sangêt, nanging manawi ngèngêti jamanipun sawêg kados makatên, yèn kasêmbadan, artanipun punapa botên prayogi katanjakakên kangge kabêtahan sanès?

Jaksa nampèni bêsêl. Radèn Karhiwikarta, jaksa Landraad ing Tasikmalaya katahan wontên ing pakunjaran, jalaran nampèni arta bêsêl.

Bêbasan piduwung pinanggih wingking, punika anocogi lêlampahan kados makatên punika; sapintên mênggah gênging kapitunan, manawi dipun timbang kalihan gênging kamelikan wau kintên-kintên badhe botên nyamèni kalihan wêdaling balanja ingkang lumintu, punapadene pènsiun ing têmbe wingking.

Cooperatie P.K.N. Jalaran saking kathahing uwos ingkang dipun dhatêngakên dening cooperatie P.K.N. ing Ngayogya, lajêng damêl gudhang piyambak. Uwos wau asli wêlingan saking Banyuwangi, sadhacin rêgi f 4.- tuwin saking Bumiayu sadhacin rêgi f 5.50 wragad dipun sanggi dening pakêmpalan.

Dayaning cooperatie ingkang kados makatên punika sagêd anulungi dhatêng para golongan tani, awit rêkaosing panyadening uwos ing mangsa punika lajêng sagêd manggih margi sakeca. Makatên ugi tumrap bêbadaning cooperatie ugi nama manggih lampah ingkang mikantuki sangêt.

Pangiritan pulisi. Miturut rantaman, gungguning pangiritan ing golongan pulisi wiwit taun 1931 dumugi taun 1933 badhe wontên f 1.198.000.-

Miturut glagating jaman, ingkang saya dangu saya wêwah kathahing tiyang nganggur, punapa malih ugi badhe langkung kathah cacahipun tiyang kamlaratan, saha ingkang anumusi kothonging padharan, nagari angirangi cacahing pulisi punika kados ragi anyumêlangi, sabab sampun dados anggêr-anggêring jagat, sintên kêpèpèt gêsangipun tur sampun kothong wêtêngipun, dening kêkirangan têdha, botên kenging botên têmtu lajêng anggampilakên dhatêng lampahing rêrêsah, awit tiyang ingkang sami kêluwèn [kêlu...]

--- 207 ---

[...wèn] wau lajêng saya nekad, jalaran panjagèn pulisi kirang, satêmah kathah lampah colong-jupuk, minggahipun malih anjarah rayah (kathah durjana). Nanging sarèhning dhapur kapêksa kêdah anyêkapi bab lampahing arta, mila ingriki namung amêmuji, mugi-mugi sampun ngantos wontên lêlampahan makatên, dipun suwun-suwun lêstantuna tata têntrêm sampun kirang satunggal punapa.

Rêrêgèn wulu pamêdal ing Pandegelag.Pandeglang. Ing Pandeglang klapa 100 namung rêgi f 1.- rumiyin sagêd pajêng f 5.- f 6.- uwos sapikul f 4.-. Rêrêgèn samantên punika taksih rêkaos panyadenipun.

Botên ngêmungakên klapa kemawon, ingkang samangke saklangkung mêdhak rêrêgènipun. Sanadyan wos, palawija tuwin sanès-sanèsipun makatên ugi. Amila ing jaman samangke punika kenging dipun wastani: mirah sandhang mirah têdha, nanging awis arta.

Para onderofficier nyuwun kawêlasan dhatêng Sri Bagendha Maharaja Putri. Kawartosakên, Hoofdcomite ing Cimahi atas namaning para rabinipun onderofficier bangsa Eropah cacah 1037 ngunjukakên sêrat panuwunan konjuk Sri Bagindha Maharaja Putri, nyuwun kamirahan ing bab sudahsudan. blanja 10%.

Panuwunan inginggil punika mila inggih botên kenging dipun paibên, awit dipun cêngklong blanjanipun ngantos 10% punika pancèn inggih rêmpiyêk-rêmpiyêk saèstu raosipun. Nanging punapa panuwunan wau sagêd dipun kabulakên, punika taksih wontên ing salêbêting pitakenan. Awit ingriki kenging dipun têmtokakên, manawi golongan inginggil sadaya dipun kabulakên panuwunipun, mêsthi badhe nuwuhakên kamèrèn tumrap golongan sanès-sanèsipun.

Kêkirangan uwos. Ingajêng sampun wontên pawartos, bilih ing Banyumas kêkirangan uwos. Ing mangke wontên pawartos malih, ing laladan Kudus inggih kêkirangan uwos. Dene sababipun rêgining pantun mirah sangêt, têtiyangipun bêtah arta kathah, lajêng kapêksa nyadèni pantunipun. Wusana pinanggihipun lajêng kêtêlasan pantun. Ing sapunika têtiyangipun sami nêdha tela, jagug,jagung,. pohung tuwin sanès-sanèsipun.

Lêlampahan ingkang pananggih kados makatên punika kenging kangge wulang, murih golongan tani sampun sangêt anggènipun ngêbrèh, dupèh lajêng angsal arta. Ngèngêtana bilih taksih panjang gêsangipun ing wingking. Têmtunipun sintên kemawon inggih mangrêtos, bilih jalaran saking anggènipun marnèkakên arta wau ingkang anjalari kasangsaran.

Nyêpêng candu pêtêng. Pulisi ing Tanjungpinang mêntas nyêpêng candu pêtêng wontên satunggiling pulo suwung saking pitêdahipun bangsa Jêpan, sadaya wontên wawrat 12.000 tail rêrêgèn f 300.000. Candu wau lajêng kakintunakên dhatêng Tanjungpriok, kabêkta ing kapal Canopus.

Lowung tumrap ingkang nyêpêng tamtu angsal ganjaran kathah, nanging kosokwangsulipun, tumrap ingkang kecalan têmtu ambrêbês mili.

Kuli-kuli ingkang kawangsulakên dhatêng tanah Jawi. Jalaran ing Dèli botên wontên padamêlan malih, wontên kuli cacah 2038 kawangsulakên dhatêng tanah Jawi, tuwin salajêngipun ugi badhe ngintunakên wangsul malih.

Ing taun 1931 lan 1932 punika, ing tanah Jawi sajakipun tansah têrus-têrusan panèn, nanging inggih panèn... tiyang angguran. Ingkang makatên punika sampun têmtu badhe saya mêwahi rêkaosipun ngupados upaboga.

ASIA.

Kapal pêrang Amerika sampun dumugi Syanghai. Kapal pêrang Amerika nama Houston kanthi admiraal Taylor samponsampun. dumugi ing SyanhaiSyanghai. saking Manilla, ambêkta saradadu 300. Labuhing kapal wontên sacêlakipun Woo Sung, saking Syanghai têbihipun 13 mil, prêlu nyingkiri mimis saking kapal Jêpan.

Kêkêncênganipun Jêpan. Wêwakiling Departement prakara sajawining praja Jêpan anglairakên pamanggihipun, bilih usul-usul Inggris tuwin Amerika supados Jêpan rukun rêmbag babagan Syanghai, mbokmanawi Jêpan ugi mituruti, naningnanging. bab murih tumuntên ngrêmbag prakawis pasulayanipun Jêpan kalihan Tiongkok, botên dipun tampèni babar pisan.

Kapal Kent. Kapal pêrang Inggris Kent, ingkang mêntas kawartosakên bidhal saking Tênjungpriok botên kasumêrêpan, ing sapunika sampun wontên ing Syanghai, baris kalihan kapal torpedo Amerika cacah 8.

[Grafik]

Krêtêg agêng ing Sydney Australia. Krêtêg ing palabuhan Sydney ingkang misuwur agêngipun sampun mèh dados, ing salêbêtipun wulan Maart sampun kenging konggekangge. lumampah.

--- 208 ---

Waosan

Dongèng ingkang kaping Tiga

Drêsthadyumna.

24

[Dhandhanggula]

ing sawusing kalêksanan sami / sri narendra dhawuh kinèn yasa / candhi-candhi kang agêdhe / kongsi mangkya tinêmu / tabêtira nata linuwih / dadya pangeram-eram / singa kang andulu / yêkti umèngêt sri nata / kang ing nguni iyasa candhi linuwih / datan kêni kinira //

mangkya murwèng carita mangsuli / tatanira duk ngadani karya / candhi ingkang gêdhe-gêdhe / kang nèng Langka misuwur / kadi ingkang aran linuwih / Miriswèti kaloka / endah warnanipun / kalamun angupayaa / ing sajagad datan ana kang nyamèni / agung myang adinira //

duk akarya candhi Miriswèti / rarasira kadi kaelokan / apan mangkana purwane / amarêngi Sang Prabu / Drêsthadyumna ngêngimur galih / ingiring para wadya / lir pahargyan agung / lêlumban anèng talaga / sacakêting candhi Tisa suka ngênting / kang lêlangên nèng tirta //

warna-warna lêlangêning warih / kongsi kasok dènnya suka-suka / agung alit datan pae / ngêtog sukaning kalbu / wus araras sasami-sami / kang mangkana sanyata / sing barkahing ratu / kang mahambêg sama-sama / tan ambeda rasaning agung myang alit / dening sami kawula //

tindak nata nyata makolèhi / anumusi tumanêm warata / têmah wuri awoh sae / pra kawula mung saguh / nadyan kinèn nêmpuh ing jurit / mangsah mungsuh kawasa / datan nêdya mirut / suka palastrèng payudan / kang mangkana nyata dadya tôndha yêkti / suyuding wadyabala //

marma lamun nuju amarêngi / sri narendra mangun suka-suka / raosing galih tan pae / momong miwah amêngku / maring prênah akulit daging / tan ana sinulayan / inguja sakayun / miwah boja andrawina / alumintu kadi tindak amêmulih / rasaning kasayahan //

duk samana sarampunging kardi / yèku dènnya samya suka-suka / sri narendra dhawuh age / pra wadya mrih ngalumpuk / Sri Jumêna nulya murwani / ngasta têkên karajan / dèn tancêpkên kukuh / nèng bantala datan ebah / dene punang têtêkên ingkang winarni / pusakaning narendra //

salêbêting kang têkên umèsi / awunirèng budha kang sinêmbah / pinundhi praptèng samangke / dene pangagêmipun / ing sadèrèng sri nata jurit / lawan Prabu Elala / anênggih duk wau / têkên wus tumancêb kisma / kupêngira kinèn samya anancêbi / tumbaking para wadya //

wusing têpung pra wadya pinurih / sêsarêngan samya ulah raga / kawuryan kalangkung rame / cikating tandangipun / datan ana kang nguciwani / miwah karosanira / mawèh eram tuhu / tanapi bêtah tumandang / kadi datan darbe rasa angêndhoni / mring traping ulah raga //

kang mangkana minôngka mungkasi / para wadya dènnya suka-suka / myang ngatonkên marang gawe / kalamun wadya prabu / asantosa tan nguciwani / riwusing sawatara / tinangaran sampun / pra wadya kinèn bubaran / myang samêkta wangsul mring Nurada puri / sakala sumadhiya //

miwah dhawuh ambêdholi sami / tumbak-tumbak myang têkên karajan / lamun wus binêdhol age / binêkta ngarsèng prabu / ingarak kang pra wadya sami / samana para wadya / pan tumindak sampun / ambêdholi tumbak-tumbak / cinêpêngan para wadya ingkang wajib / tan antara wus purna //

wadya liyan nulya angayati / ambêdhol kang têtêkên karajan / nanging datan antuk gawe / datan obah dinudut / langkung kêncêng tumancêb siti / nadyan janma kang rosa / asabar ing laku / kongsi kumyus kang swanita / abêbasan kongsia karingêt gêtih / datan mungkasi karya //

waringutên kang tumandang sami / datan pae kadi pôncakara / angadu ing karosane / nanging mêksa tan rampung / ing pangrasa kang têkên kadi / tumuwuh saking kisma / kang aoyod kukuh / têmah sadaya kang mulat / sakalangkung ngungun myang eram kapati / maring kaananira //

mangkya têmah katur sri bupati / wus pratela kang wadya sadaya / kalamun cabar ing gawe / samana sang aprabu / langkung ngungun dangu tan angling / wusana anggarjita / lamun kang tinêmu / tuhu mung môngka sasmita / yèn ing papan tancêbing têkên narpati / dadya pèngêtan wuntat //

myang rinasa lamun papan suci / dadya mangkya panampi narendra / arsa ngiyasani age / candhi ingkang linuhung / ingkang wajib ingaji-aji / sawusira narendra / anggalih kadyèku / nulya adhêdhawuh sigra / wèh têtêngêr sêsêkaran sarwa adi / cakêt têkên karajan //

sawusira kalampahan dadi / dyan umiji wadya kang anjaga / tan kêni sambranèng gawe / sri nata nulya kondur / tuwin datan dangu tumuli / sri nata dhawuh yasa / ingkang candhi agung / nèng prênah kang tinêngêran / para wadya kang samya adarbe wajib / nulya tumandang karya //

sumêbaring warta maratani / para janma kang samya miyarsa / prapta ambiyantu gawe / kongsi maèwu-èwu / tanpa kêndhat tumêkèng dadi / wusana paripurna / katon langkung agung / miwah sakalangkung raras / yèn sinawang tan mirib yêyasan janmi / kadi kang candhi tiban //

awit lamun kinira ing pikir / lôngka lamun yêyasan manungsa / saking agung myang adine / mangkya kaparêng prabu / amaringi araning candhi / cocog lan ananira / lakon kang tinêmu / candhi Miriswèti karan / amèt jarwa dening rêkasa ing nguni / pambêdholing lantaran //

myang mêmèngêt mring sanggyaning janmi / murih samya ajrih myang mirisa / lamun mulat kaanane / lan umèngêta tau / aywa anggung asipat lali / kaladuk mangan nendra / suka-suka nutug / mangkya wajib umèngêta / mring pandhita miwah panuntun agami / mrih mangguh karaharjan // (Badhe kasambêtan)

--- 21 ---

Nomêr 6, taun III

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu

Baya

Ana êndhog gêdhe gumaluntung ana sapinggiring kali, gêdhening êndhog mau nganti ngungkuli êndhog banyak, upama didadara, ayake cukup kanggo lawuh sapuluh dina. Nanging êndhog mau slamêt ora dijupuk ing uwong sing watake sok opèn, amarga pamanggone ana ing papan sêpi.

Êndhog mau ora diêngrêmi dening biyunge kaya kêlumrahaning bangsaning pitik iwèn utawa manuk sapanunggalane, mung gumlethak bae. Nanging suwe-suwe jalaran saka kapanasan srêngenge, êndhog mau bisa nêtês, plêthuk, mêtu rêrupan kaya kadhal, malah isih luwih gêdhe.

Kewan sing lagi mêtu saka ngêndhog mau mripate manthêlêng ora kêdhèp-kêdhèp, kaya ngrasak-rasakake anggone manggon ana ing papan kobèt, ora kaya panggonane lawas, sing mung cukup kanggo ngringkêl. Suwe-suwe kewan sing mêntas nêtês mau barêng kanginan, awake banjur tungtum mêtu karosane, sarta banjur anggaronjal mêtu saka cangkanging êndhog, ngulat-ngulèt kaya anduduti awake.

Barêng wis sawatara dina, gêdhening awake wis mundhak akèh, banjur saba mrana-mrana, lan bisa nêmu mêmangsan kang marêgi lan munpangati, mula gêdhening awake kaya diububi, mundhak karosanane.

[Grafik]

Suwe-suwe kewan mau dadi gêdhe têmênan, lan banjur rumasa yèn rosa, sarta barêng wêruh banyu kali banjur nyêmplung, nglangi ya bisa, kaya ta yèn wayah esuk mêntas ana pinggir kali.

Nalika kewan mau nuju dhewe ana pinggir kali, liyêr-liyêr ngêmatake panasing srêngenge, kagèt krungu ana wong nyuwara: baya, baya.

--- 22 ---

Suwe-suwe ngrêti yèn diwêdèni uwong. Mula banjur duwe ambêg wani, manggan lan sapanunggalane, awit mung tansah ngrumasani dieringi ing uwong. Nanging suwe-suwe rèhning tansah gawe piala, baya mau kêna diakali wong, wusana dipatèni.

Dadi têtela, dhêdhasar ala iku yèn ora kêtumpangan piwulang bêcik, gampang dadi ngrêbdane, lan wusanane, nêmoni apês.

Wong Dhuwur

Mungguhing dêdongengan, akèh sing ngandhakake anèh-anèh, kaya ta wong drêmba, mangan êlo bisa ngêntèkake êlo pirang-pirang uwit, ngombe bisa ngêntèkake banyu sabangawan, iya kuwi sing tinêmu ana ing dongèng uthak-uthak ugêl. Yèn dongèng Walônda tinêmu ing dongèng lêlakone Tuwan Gulipêr, wah, gêdhening tuwan mau nalika angambah nagarane wong cilik, nganti dipadhakake buta, ngêntèk-êntèkake rijêkining nagara, nanging barêng ngambah ing nagarane wong gêdhe, Tuwan Gulipêr ngrumasani dadi uwong cilik bangêt. Kabèh mau mung tinêmu ana ing dongèng, kêna diencokake dadi piwulang.

[Grafik]

Saiki gênti ngrasani bab wong dhuwur, nanging dudu dongèng, lan ayake bocah-bocah ya wis ana sing tau wêruh wong dhuwur mingklik-mingklik. Nanging mungguhing dhuwur, tumrap dhuwuring wong tanah kene, durung madhani dhuwuring wong ing tanah Eropah, racake wong kene yèn gunêman karo bôngsa Eropah nganti andhangak. Dadi mungguhing racake, wong tanah kene ngarani bôngsa Eropah iku dhuwur-dhuwur.

Saiki tumrape bôngsa Eropah, panganggêpe dhuwuring bangsane mau iya padha bae. Nanging satêmêne iya isih ana wong sing mrojol dhuwure. Kaya sing kacêtha ing gambar, iku wujude bôngsa Inggris jênêng Tuwan Jack Erleigh, kacarita ing sajagad kalêbu wong sing dhuwur dhewe, dêdêge 2 1/2 mètêr. Wah ana dêdêg têka samono, yèn wong Jawa ngarani othak-othak mega. Tuwan mau digambar nalika nuju tabikan karo masinis sêpur.

--- 23 ---

Dongèng Wong Cêthil

VII. Bingung ora têgêl ninggal bôndha.

Magatruh.Mêgatruh.

nganti saru biyung lan anake têlu / mung padha anggiyêng nangis / nganti ana wong sing nyaru: / dene kaya bocah cilik / padha nangis pating glêmbor //

ngono iku ora mathuk mungguh aku / jênênge uwong wis mati / rak iya dang mikir kubur / lan tumuli diêdusi / aja mung pijêr mangkono //

sambat sêru Bok Karya adhuh bojoku / dene kowe sida mati / gèk bakal priye awakku / luwung pisan milu mati / dadi pikirku banjur plong //

nuli krungu ana tôngga muni nyaru: / bok wis aja nangis nyai / apa ya mung ngono rampung / bok anak sing tuwa kuwi / urun-urun rêmbug kono //

anak têlu babarpisan êmoh ngrungu / mung tumungkul karo nglirik / mênyang bôndha sing ngrênggunuk / malah bokne dipleroki / yèn dipikir nganti ewoh //

dene mungguh karêpe wong têlu mau / mung saka anyujanani / nyang sadulur karo biyung / samar bokmanawa nganti / bôndha ing longan dicolong //

anak têlu karo kapapate biyung / atine mung padha watir / yèn kêlimpe ora wurung / salah siji mêsthi melik / dadi pikire mung ngongsrong //

barêng anu tindak sing mangkono mau / wong-wong akèh padha ngrêti / nuli ana wong sing nyaru / ah kuwi ngisin-isini / rak saru didêlok uwong //

aku wêruh pikiranmu kabèh kisruh / mung saka bangêt ngèlingi / bôndha têtinggalan iku / nanging ora nganggo mikir / apa sing mati bèn bosok //

nanging kukuh kabèh niyat êmoh wêruh / suwe-suwe dituwani / dening tôngga sing têtulung / cekat-cèkêt dirampungi / wong papat padha malênggong //

gumarudug budhale mênyang ing kubur / mung waris êmoh mêruhi / pijêr amêkêngkêng kukuh / timbang ninggal bôndha kuwi / aluwung matia ngênggon //

kabèh mau nganti padha kuru-kuru / saka ngêlèh karo arip / dadi uwong kabèh mau / kabanjur-banjur le lali / luput bangêt kang mangkono //

nuli thukul kapalane desa usul / mangkene anggone muni: / yèn wong papat kabèh iku / ora niyat padha eling / rak padha mati kalakon //

kabèh iku bok iya padha anggugu / kowe padha tak tuturi / bok uwis dibage rukun / mêngko aku sing nêksèni / aja nganggo ewah-ewoh //

barêng krungu Bok Karya mangsuli sêru: / botên niyat ajêng bêcik / wong anak kula têtêlu / niyate mung ngajak mati / diêduma rukun lumoh //

banjur usul anak sing tuwa jumêdhul / sintên sing purun nuruti / biyung kula lan sadulur / mung padha gêgêdhèn melik / panggulune nyêndhu songol //

la wong kowe kang ora bêcik karêpmu / pèh kowe sing lair dhisik / kabèhe arêp kowêngku / mung arêp ngêpyur-êpyuri / mêsthine aku ya êmoh //

banjur maju wuragile muni sêru: / cêkake prakaran uwis / sanadyana ora ngukup / jênênge padha nglakoni / luwung dipangana uwong //

wong yèn kojur pikire kabanjur-banjur / cêkake bab bôndha kuwi / banjur wuwuh dadi padu / lumuh yèn rukuna bêcik / digantung parentah geyong //

--- 24 ---

Pitakèn

Katur rama Sêbul

Rama, kula punika lare dhusun balêjêt, lajêng malêbêt ing sêkolahan ôngka 2, rèhning kula punika lare dhusun makatên, dados kula gadhah kuwatos manawi anggèn kula bêbasan dhatêng guru kula kalintu, pramila kula kapêksa takèn dhatêng guru kula rumiyin, ingkang kula suwuni priksa bêndara mantri guru, lajêng dhatêng guru bantu sanèsipun. Nalika kula sowan dhatêng mantri guru, kula lajêng sila ing iringanipun kursi, lênggahanipun dara mantri, sarta matur: Kula punika manawi nyêbut dhatêng panjênêngan kadospundi. Guru mangsuli kowe nèk nyêbut nyang aku, bêndara mantri guru. Kula mangsuli: Inggih.

Sasampunipun punika kula lajêng sowan dhatêng kamaripun guru bantu, awit anggèn kula takèn makatên wontên sêkolahan. Kula lajêng matur: Kula punika manawi nyêbut dhatêng panjênêngan kadospundi. Guru bantu mangsuli: Kowe nèk nyêbut nyang aku bêndara guru bantu Mas Bèi Prawira Adisastra ngono. Lare-lare punika kok namung nyêbut guru Kimun makatên. Iya Kimun iku jênêngku bocah, jênêngku tuwa ngalih Mas Bèi Prawira Adisastra, kowe nèk nyêbut aku aja klèru ya. Kula mangsuli: Inggih.

Kula lajêng sowan dhatêng guru bantu sanès malih, kula matur: Kula punika manawi nyêbut dhatêng panjênêngan kadospundi. Guru mangsuli: Kowe nèk nyêbut nyang aku Lurah Darma, ngono.

Kula lajêng sowan guru bantu sanès malih, awit ing sêkolahan ngriku guru bantunipun wontên sakawan. Kula lajêng matur: Kula punika manawi nyêbut dhatêng panjênêngan kadospundi. Guru mangsuli: Kowe nèk nyêbut nyang aku Mas Guru Wirya, kula mangsuli inggih.

Kula lajêng sowan dhatêng guru bantu sanèsipun malih, kula matur: Kula punika manawi nyêbut dhatêng panjênêngan kadospundi, guru mangsuli: Kowe nèk nyêbut nyang aku guru Sastra, ngono.

Lo, kadospundi rama Sêbul, wangsulanipun guru gangsal, têka beda-beda, pramila kula nyuwun priksa, kadospundi anggèn kula nyêbut guru punika ingkang samêsthinipun.

Kula lare dhusun Dhuwit.

Kimpul.

Pitakonmu iki tak lêbokake golongan rêrêmbugan dhewekan, dadi wangsulanku ora kêna koanggo pathokan, mung kêna kanggo duga prayoga.

1. Bab nyêbut bandara mantri guru utawa bandara guru bantu, iku ya wis mungguh, lan ya wis rada kêlumrah, awit ucap bêndara, iku dadi sawijining pangaji-aji, kowe rak wajib ta ngajèni mênyang gurumu. Nanging ucap mau satêmêne yèn rinungu ing liyan, ya sok rada nuwuhake ora srêg, lan yèn mungguhing bêbênêran, kajaba kang pancèn bêndara têmênan, bandara iku atêgês wong sing dingèngèri. Dadi ucap bandara mau ora mathuk.

2. Nyêbut lurah, sanadyan bisa tumindak, nanging durung srêg, awit lurah iku atêgês lurahe wong nyambut gawe, lan sing nyêbut lurah iku kalerehane, dadi yèn murid, nglurah mênyang guru, rada kurang mathuk.

3. Nyêbut mas anu, kuwi kurang rumakêt, amarga ing kono rasane dudu mas kang atêgês sadulur tuwa, karêpe mas sêsêbutan.

4. Muni guru anu, kuwi rasane kumliya.

Nanging kabèh mau yèn wis kêlumrah ana ing panggonanmu, arêp diowahi kapriye manèh, awit siji-sijine sing duwe panjaluk disêbut mangkono, mêsthi wis padha duwe wêwaton kang anocogi karo rasaning atine.

Dene saupama aku sing dadi guru, murid-muridku tak kon nyêbut pak (bapak) kaya-kaya guru anganggêp anak mênyang muride, kosokbaline murid anganggêp wong tuwa mênyang gurune, jênêng wis mathuk.

Pak Sêbul.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 14, 9 Sawal Je 1862, 17 Pèbruari 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [209] ---

Ôngka 14, 9 Sawal Je 1862, 17 Pèbruari 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan. Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Pêkên Makalê

[Grafik]

Ing nginggil punika sêsawanganipun pêkên ing Makalê, laladan Sêlèbês têngah.

--- 210 ---

Kawruh Padhalangan

Ringkêsaning Kawruh Padhalangan Ringgit Purwa ing Surakarta

Sambêtipun Kajawèn nomêr 10.

Ucap-ucapan ôngka 2

Kacarita sri bupati dahat kawêkèn ing galih, sinamur ngasta capuri, lajêng amucang, (ing ngriki lajêng sêndhon pananggalan).

Ucap-ucapan ôngka 3

Kasaru gêdêring jawi, ing pangurakan rame gumuruh, tambuh-tambuh solahing wadya, orêg kaya gabah dèn intêri. Bela-belaBeda-beda. panêrkaning para kawula:

*)§ Sadaya ginêm ingkang kalêbêt janturan punika kaewokakên ucap-ucapan. He, alon kônca, alon, prastawakna kang têtela, apa kang gawe gègèring pangurakan. Apa ana gajah ambêdhat saka wantilan, apa jaran ngêrap saka pandêngan, apa macan ucul saka krangkèng. Ilahdallah, apa gêgaman ngarêp iki, apa parangmuka tanpa cêcala, nganggo gêlar dumuk angun-angun. Hèh, kônca, padha prayitnaa, dudu parangmuka, kônca, ana raja duta mawa upacara sagêlar sapapan.

(Ing ngriki katungka wêdalipun Satyaki mariksa wahanane gègèring jawi) bocah ing Dwarawati, apa sing dadi gègèring jaba, dene kabina-bina têmên kongsi kauningan saka pasewakan.

Kula nuwun inggih radèn, ingkang dados gègèring jawi dede matêngga ambêdhat ing wantilan, kuda ngêrap ing pandêngan, tuwin dede sardula mêdal ing panjara, ananging wontên raja duta saking Garbaruci, badhe ngabyantara ing raka paduka kangjêng sinuhun.

E, yèn mêngkono andhêgên ing pakapalan, sugatanên kang prayoga, aku tak ngunjuki uninga.

[Grafik]

Radèn Arya Satyaki.

Ucap-ucapan, ôngka 4.

Mangkana ajuning caraka yaksa nata busanane, gupuh majêng ing pasewakan. (Mungêl gêndhing: gupuh-gupuh), rupèpèh-rupèpèh atrap susila.

Ucap-ucapan, ôngka 5.

Caraka, dikêpara ngarêp, aja ringa-rêringa, ingsun ngêgungake paramarta.

--- 211 ---

Kula nok noknon, dhatêng sandika.

Ucap-ucapan ôngka 6.

Kala Makundara kasok kasongan prabawa, racut bayuning angga, kaya tanpa jiwa sanalika. Sarêng mawas sêmuning Nata Krêsna, tansah anggêlar aksama palamarta, Kala Makundara prêbêng-prêbêng ngrasa têtêg ayêm kadi lêbda jiwa. Tandya aring napase, cêtha pamulune, têrang graitane. Mangkana wêwasoning manah: I, ya jagat dewa bathara, nyata gêdhe prabawane ratu ing Dwarawati, kongsi sapandurat sumrêpêt panonku, ora pramana sawiji-wiji.

[Grafik]

Ditya Kala Makundara.

Ucap-ucapan ôngka 7.

Sèbêt byar sanalika wau sang nata kondur angadhaton, ginarubyug ing badhaya srimpi kang endah-endah warnane, sapêkak madyane, karêngga ing busana. Mangkana sang prabu ngrasuk busana kaprabon, ngagêm makutha kiritha, acundha côndrakanta, sêkar taji rineka tètèsing tirta, jamang mas sungsun tiga tinarètès sotya mulya, akancing garudha mungkur, utah-utahaning garudha warna sagara muncar, sinôngga ing prabarêtna rêrawitan. Ngagêm sangsangan ulur-ulur naga karangrang, binggêl nagabônda, kroncong nagaraja. Ngagêm curiga tinatah tinaturêngga. Ngagêm kampuh limar katangi, calana cindhe puspita gêgubêgan. Sadaya pangagêmaning nata pinarenyok tarètès sotya karawistha, ana intên kastuba, indrakila, sangkêp sakathahing sotya. Ya ta tindaking nata lembehan mêrak kasimpir, kêcoh gajah angoling, tansah satindak mangu sapêcak kèdêg. Sanalika sirna kamanungsane, kadi jawata anganglang jagat, ginarêbêg widadari. Mangkana lampahing nata kèndêl wontên sangajênging wiwara srimanganti, mirsani rêrêngganing gapura kinarya namur mangunênging panggalih.

Gapura ing Dwarawati gêdhene prasasat Mahamèru, dhuwure ngungkuli pucang lan tirisan. Ing pucak sinungan sotya agênge sapuh jênggi, têmpur lan prabawaning diwangkara, muncar-muncar yayah daru pinanjêr, siraping gapura parunggu sari, adêg-adêg wêsi balitung, têbêng têmbaga rinaja wrêdi, rineka kêkuwung anginum toya. Jarambah talundhag akik wungu jêjobinan. Inêbing gapura sinungan gambar rineka [ri...]

--- 212 ---

[...neka] putra lan putri. Yèn mênga pindha bedhang patêmbayan, yèn minêb kadi têmantèn pêpasihan. Salingganing gapura ingukir-ukir suwarna endah. Sangajênging gapura sinungan gupala yaksa rineka Cingkalabala Balaupata, Yama Akali Nandhiswara. Cinêpêngan gada angiwa tamèng, irung jinara têrusing kuping, kadunungan brêmana-brêmani. Tinon saking mandrawa kadi danuja anggêrêng gumrênggêng. Bêbauning gapura winarna alas-alasan, bisane kang akarya, tinon kadi sayêktining wana.

Mangkana tindaking nata, lajêng lumêbêt ing dhatulaya.

Bab Tanêman

Têtanèn Brambang

Sasumêrêp kula têtanèn kasêbut nginggil namung ênggèn-ênggenan. Upaminipun kemawon ing Brêbês, punika agêng, ananging Têgal, Pamalang tuwin sanès-sanèsipun malih, botên. Awit saking punika dados lajêng nama miyambaki, pramila angsal-angsalanipun inggih kathah. Ing môngka brambang punika golongan tanêman palawija, pramila botên adamêl pakèwêd, liripun botên ngalang-alangi dhatêng têtanèn baku (nanêm pantun), dados têrangipun, sasampunipun pantun mêngkêr lajêng kagarap kangge brambang, malah sagêd kaping 2 jalaran umuripun brambang namung 2 wulanan utawi langkung sakêdhik, punika tumrap ing tanah ngare, manawi parêdèn langkung dangu sawatawis.

Mênggah anggèn kula mêdhar bab punika: 1e. kabêkta saking ing liya panggenan kirang pamarsudinipun utawi botên babarpisan, 2e. namung nyathêti sawatawis ingkang sampun tumindak ing Brêbês, lan bokmanawi wontên ingkang prêlu-prêlu tumrap ing liya panggenan, botênipun inggih kenging kangge waosan, amargi dados wêwahing sêsêrêpan.

Ingkang dipun tanêm ing kônca tani Brêbês punika wontên 2 warni, inggih punika brambang Palembang, dene satunggilipun brambang Ostrali. Mênggah nami wau kintênipun mêndhêt saking tanah aslinipun piyambak-piyambak, punika sampun jamak, ewadene sagêd pilah-pilah amargi wontên bedanipun.

Brambang Palembang punika alit-alit, manakipun botên kathah, sêdhapuran namung wontên 15 utawi langkung, ananging kiyat dipun tandho tuwin malih purun dhatêng jawah, punika atêgês, nalikanipun taksih tanêman saupami kenging jawah, godhongipun botên dados lodhoh, dados uwoh (pun brambang) inggih botên punapa-punapa. Kajawi punika brambang Palembang suwuripun langkung eca, sampun têmtu cihnanipun pinanggih wontên ing olah-olahan, kados ta: trimah sakêdhik, ananging dhawahipun dhatêng raosing olah-olahan sampun sêdhêp lan sanès-sanèsipun. Emanipun, brambang ingkang wêdalan ngriki botên sae dipun pêncarakên malih, têmtu kirang pamêdal, dados [dado...]

--- 213 ---

[...s] têgêsipun botên kenging kangge bibit. Ananging bab punika juragan agêng botên badhe kêkilapan, ing gudhangipun kêbak, badhe bêtah pintên dhacin, sampun botên kacuwan.

La punika mêdharakên babaring kawruh tumrap brambang Ostrali, nitik ingkang sampun kasêbut ing nginggil, brambang Ostrali punika pinanggih langkung agêng, anjêmbluk, anakipun gêmriyêk, ngantos 30, awit saking punika pamanjanipun kêdah awis-awis, ingkang sampun kêlampahan 30 c.m. punika kala-kala taksih dhawah kêkêrêpên, jalaran dhapuranipun ngantos sapiring dhahar ingkang tanggêl. Dados wiji (bibitipun)nipun babar, manawi bibit Palembang kêdah langkung kathah, sabab kêdah kêrêp pamanjanipun, inggih punika êlêt 10 c.m.

Ing sapunika prayogi ngaturakên rêmbag pangruktinipun ingkang sagêd laras kalihan pangupajiwa. Titikan kawontênan ing nginggil lampahipun kenging dipun ijrah, têgêsipun bibar rêbah pantun lajêng kaolah kangge brambang Ostrali, prêlunipun ambujêng têrangan, amargi brambang punika ajrih jawah. Dene ingkang kaping kalihipun lajêng manah dhatêng brambang Palembang, amargi kiyat jawah.

Kajawi ingkang sampun kapratelakakên, brambang punika rosa sangêt dhatêng pangisêping lêmèn, pramila manawi dipun lirwakakên lajêng botên kasil. Tumrap ing Brêbês, sadhiyanipun lêmèn tumrap pasitèn 1 bau wontên 8 dhacin kunstmest, dados rabuk kemawon pangaos 72 rupiyah (a f 9.-) ananging ingkang baku sagêd nyantosani inggih tansah wangsul artanipun, ingkang petangipun sampun bathi.

[Grafik]

Brambang.

Andadosna ing kauningan, sirikanipun tanêman brambang warni-warni, saking cariyosipun ingkang suka katrangan dhatêng kula, ingkang prêlu sangêt dipun wigatosakên wontên 2 bab:

Ha. Pasitènipun kêdah têrasan, pikajêngipun punika, pasitèn ingkang nêmbe kabrambang botên prayogi dipun olah kangge brambang malih. [ma...]

--- 214 ---

[...lih.] Gotèkipun, sanadyan dipun rabukana kathah mêksa tuna, malah kêlampah botên wangsul bibit. Bab punika raos-raosipun kados tanêman sata, pramila dhatêng kanalaranipun namung sagêd ngaturakên manawi brambang punika rosa dhatêng pangisêping lêmèn, tandhanipun ing ngajêng ugi sampun kacariyos, manawi ajrih ngêdalakên arta ingkang dumunung dhatêng lêmèn, sagêd botên kamêdalan. Pramila wongsal-wangsul kula matur manawi tatanan-tatanan jaman kina, inggih punika nanêm sapisan nuntên kabêrakakên, punika baku sampun samêsthinipun, jalaran katrangan cêkak, ing salêbêtipun bêra maknanipun siti mulihakên lêmènipun, dados inggih nyata manawi nanêm wongsal-wangsul kados tatanan ing samangke malah botên (kirang) kasil. Inggih jalaran saking punika wontênipun ucap-ucapan bumi ilang brêkahe. Rèhning ing samangke nama kabêtah, dados lampahipun kêdah kaewahan, upaminipun kasêlang-sêling, makatên punika tumrap têtanêman ingkang baku rosa pangisêping lêmèn wau. Bêgja dene pantun botên kagolong rosa dhatêng lêmèn, dados manawi purun kangelan sawatawis, inggih punika manah saening panggarap, pangrimat lan rabuk ambokmanawi inggih botên damêl anggrantêsing manah, emanipun para golongan tani tiyang siti dèrèng paja-paja gadhah pamanahan punika, pramila wontêning têtanènipun dèrèng sagêd nyêkapi. Cêkak aosipun têksih kirang kawruhipun, pramila inggih kagolong mlarat, ingkang tundonipun nênarik asoring drajat.

Na. Tanêman brambang punika gampil kacandhak ama lodhoh, ingkang jalaran namung saking prakawis sapele, têrangipun ingkang panèn kantun kêrêp kapitunan, namung jalaran saking sacêlakipun kangge wira-wiri ambêkta brambang untingan ingkang badhe kasimpên ing griya, utawi kenging sumuking hawa saking brambang ingkang dipun pepe, sagêd nuwuhakên lodhoh, pramila kawontênan ingkang kados makatên wau lajêng limrah dipun wastani: kenging sawan.

Sampun, namung dumugi samantên aturipun.

Sumadi (Pangarasan).

Pawartos saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 5630 (t. Sosman) Kajawèn ajêg dipun kintun. Dene lampahipun randhat, utawi ajêgan dipun thèthèli ing tiyang punika, dede têtanggêlanipun ingkang ngintun, prayogi dipun intip.

Tuwan Sa-ta. Ukuranipun sanadyan kirang, manawi gambaripun pancèn cêtha (scherp), kenging kacobi, awit gambar alit punika manawi botên cêtha yêktos, rêkaos panglisenipun.

Tuwan Slamêt, ing Sangasanga. Buku ingkang panjênêngan dangokakên, prayogi mundhut: Spraakkunst en Taaleigen I, II, III J. Kats ingkang sae J.B. Wolters Gang Scott 5 Bat. Centrum.

Tuwan M.Dj. Martana, ing Surakarta. Panjurung sampun katampèn, nanging botên kapacak, amargi ing sunan nomêr sampun ngêwrat bab warni-warni.

Tuwan A.S. Atmaja ing Kêjajar. Karangan panjênêngan sampun dumugi, nanging botên kapacak, amargi cariyos kados makatên punika sampun kêlimrah sangêt.

Lêngganan nomêr 3836 ing Ungaran. Ju Lê, 1911 Sura, dhawah taun Wawu 1842 windu Adi, wuku Mrakèh, Uwas, môngsa kapitu tumindak 23 dintên, tanggal 12 Januari, utawi 13 Cap Ji Gwik 2464.

Lêngganan nomêr 417 ing Ngayogya. A Kli, 21 Jumadilawal, Je, taun Walandi 1892, dhawah wulan Dhesèmbêr, taun Jawi 1822, windu Kunthara, môngsa kanêm, wuku Tolu, Uwas.

--- 215 ---

Kawruh Sawatawis

Blilu tau Wong Pintêr Durung Nglakoni

Bêbasan ing nginggil punika atêgês tiyang ingkang sampun kulina nindakakên padamêlan wajibipun, sanadyan bodhoa, pinanggihipun sok ngungkuli tiyang sagêd, ingkang dèrèng ngêcakakên padamêlan. Bab kados makatên punika pinanggih wontên ing lêlampahan warni-warni, kados ta:

Ingkang pinanggih wontên ing priyantun ingkang mêngku bawah, punika ing kalanipun manggèn ing papanipun enggal, ing pangraos taksih cêthunthungan sangêt, dening dèrèng wanuh dhatêng têtiyang ingkang dipun wêngku, utawi dèrèng kawong kalihan kancanipun sêsarêngan angangkati damêl. Manawi priyantun enggal wau botên ngrumaosi kawon kalihan kancanipun lami, têgêsipun sagêd ngêmong, inggih lajêng ngawontênakên raos botên sakeca. Kosokwangsulipun manawi purun ngêmong, pinanggihipun lajêng sagêd nyumêrêpi kawontênan warni-warni, awit ing ngriku sagêd nyumêrêpi tindak balilu taunipun ingkang sampun sami ngêcakakên damêl, ngantos marojol saking pangintên, upaminipun wontên tiyang ingkang wajibipun namung dados juru kengkenan, jêbul wontênipun ing ngriku sagêd nindakakên padamêlan sêsêratan, utawi nindakakên pikiran wigatos. Dados saupami wontên tiyang têtunggilan damêl kalihan tiyang lami, kêdah angênggèni caraning balilu tau.

Saya malih tumraping padamêlan patukangan tuwin sanès-sanèsipun ingkang nama bangsaning kriya, punika malah saya cêtha ing bab ajining balilu tau, kathah kemawon tiyang ingkang adhêdhasar kasagêdan kawon kalihan tiyang ingkang sampun kulina ngêcakakên, kados ta grêji upaminipun, tumrap ingkang sampun kulina, sagêd angukur plêk dhatêng badhening rasukan, botên mawi tirah punapa, tur ngukuripun inggih namung plak-plêk sajak botên karaos. Beda kalihan ingkang dèrèng kulina, pangukuripun katingal ngatos-atos, pathokanipun dipun gêgêgi, ewadene sarêng dipun cakakên asring pinanggih cidra. Malah wontên sawênèhipun grêji, ingkang panggêsanganipun namung bêbêrah, nanging anggènipun bêbêrah wau sadintên bêrahanipun nêm rupiyah. Mênggah katranganipun grêji wau nyambut damêl wontên ing toko pangagêman gadhahanipun bôngsa Walandi ingkang misuwur agêng. Môngka sadaya wau tumindakipun botên sanès namung saking balilu tau.

Makatên ugi tumrap padamêlan mêsin, punika mênggahing bôngsa Jawi, nama sanès padamêlanipun, ewadene botên kirang tiyang Jawi ingkang sagêd nindakakên namung saking balilu tau, malah asring dados pitakenaning tiyang ingkang sampun dhêdhasar kawruh nanging dèrèng ngêcakakên.

Mirid andharanipun tiyang ingkang sampun ngêcakakên damêl, kala enggal-enggalan wontên sêpedhah, tumrap bôngsa Jawi rumaos manggih pangina, tamtu botên sagêd andandosi karisakanipun,

--- 216 ---

nanging wusananipun pinanggihipun wontên ing jaman sapunika, botên kirang bôngsa Jawi ingkang dados juru andandosi sêpedhah, minggah-minggahipun dumugi sarêng wontên oto, ugi wontên ingkang sagêd andandosi. Malah salajêngipun botên kêkirangan ingkang sagêd bawa piyambak abikak toko, dalah andandosi.

[Grafik]

Bôngsa Eropah nuju sinau numpak kapal

Tumraping para wanita, punika mênggahing bab tumindaking damêl kabêtahan griya, limrahipun kawon kalihan ingkang sampun balilu tau, awit tumrap ingkang balilu tau, anggènipun ngêcakakên damêl nama sabên dintên. Saya mênggahing bab olah-olah, tumrap ingkang sampun kulina, anggèning ambumboni namung katindakakên sarana pangintên-intên kemawon, malah wontên ingkang anggènipun ngicipi namung sarana dipun gônda, pinanggihipun botên kuciwa.

Wontên malih padamêlan ingkang sagêdipun namung sarana saking balilu tau, inggih punika bangsaning nênumpak utawi nglampahakên, upaminipun kusir, punika sagêdipun nindakakên namung saking kulina, manawi numpak kapal, dipun wiwiti saking sangkaning lare, kala-kala angguyang kapal, makatên ugi tumraping kusir, sakawit namung dados kênèk, dangu-dangu sagêd kulina.

Ingkang langkung elok malih punika tumraping bôngsa Jawi ing bab têtabuhan, ing ngriku cêtha sangêt bilih anggènipun sagêd nabuh wau namung saking kulina, ingkang lajêng kenging dipun wastani balilu tau.

Nanging manawi dipun manah, sadaya wau pinanggih wontên ing jaman nalika dèrèng majêng, manawi tumrapipun wontên ing jaman sapunika, sawarnining kawruh wontên pamulanganipun, tamtunipun inggih pinanggih saya langkung sampurna. Dados pinanggihipun wontên ing jaman sapunika, pancènipun têmbung balilu tau wau linintu ing têmbung: sampun kulina. Nanging sarèhning bêbasan wau sampun gêsang, dados sanadyan ingkang kulina ngêcakakên wau tiyang sagêd, ugi taksih dipun wastani balilu tau.

Mênggah lêrês lêpatipun sumôngga.

Ha.

--- 217 ---

Jagading Wanita

Pigunanipun Tiyang Sagêd Damêl Dhêdhaharan.

Sampun dados tata kalimrahan, pinanggihipun wontên ing jaman sapunika, têtiyang mara tamu dhatêng panggènaning sanak pawong mitra, mawi dipun sugata wedang dhêdhaharan, malah tumrap ingkang kuwaos, pasugatanipun wau sanadyan namung sakêdhik, nanging miraos, adhakanipun bôngsa kuwih garing-garingan.

[Grafik]

Para wanita ingkang sami damêl dhêdhaharan kuwih.

Sintên tiyang ingkang mara tamu kêpêthuk sêsêgahan ingkang miraos, sawangsulipun saking griyanipun tiyang ingkang dipun para tamoni, adhakan angalêmbana. Mirid kalimrahan ingkang kados makatên punika, dados ingatasipun wanita, adamêl kuwih punika kalêbêt kawruh pêthingan, wajib dipun sinau.

Makatên ugi tumrapipun tiyang abale griya, sadhiya kuwih ingkang sae saha miraos, ugi kalêbêt kautamèn, utaminipun malih manawi kuwih wau damêlanipun piyambak.

Sayêktosipun tatacara rimat dhêdhaharan, punika sampun kalêbêt padatan kina, nanging dumuginipun ing jaman sapunika, ingkang taksih nindakakên rimat wau limrahipun pinanggih wontên para sadhèrèk dhusun ingkang tanah alusan utawi têtiyang ingkang panggenanipun têbih saking papan rame. kajawi ingkang pancèn wontên.

Nanging tiyang damêl kuwih ingkang sae tuwin miraos, punika waragadipun botên sakêdhik, mila limrahipun [li...]

--- 218 ---

[...mrahipun] inggih namung dipun tindakakên dhatêng para ingkang kacêkapan, tumrap ingkang kacingkrangan awis-awis ingkang purun nindakakên, satêmah kalajêng-lajêng botên sagêd damêl kuwih alusan.

Mirid wêwatêkan lumuhan ingkang jalaranipun kados makatên, punika sayêktosipun adamêl kapitunan agêng, awit lajêng botên sagêd sumrambah angêmori dhatêng kamajênganing jaman. Mila ingkang prayogi, tumrapipun ingkang kacingkrangan, inggih kaparênga sinau, awit wontên kalamangsanipun, adamêl kuwih punika dados kagunan adi, kêrêp dados sêsambataning sanak sadhèrèk, utawi tiyang ingkang sagêd damêl kuwih sae, punika adhakan misuwur namanipun.

Nanging ingkang pinanggih ing jaman sapunika, kados para wanita sampun botên kêkirangan pangudinipun dhatêng kawruh, kajawi wontên ing pamulangan (limrahipun wontên ing pamulangan wanita), dipun wulang ing bab olah-olah, ugi botên kêkirangan pakêmpalan wanita ingkang sami nindakakên ing bab wulangan olah-olah, tumindakipun sagêd mayar, amargi waragading olah-olah ingkang sajatosipun botên sakêdhik, sagêd dipun tindakakên mayar saking urunaning ngakathah.

Tindak kados makatên punika sayêktosipun langkung mikantuki, awit satunggal-satunggaling wanita sagêd anglairakên kawruhipun piyambak-piyambak, upaminipun wontên ingkang sagêd olah-olahan cara Eropah, nanging botên sagêd olah-olahan Jawi, kosokwangsulipun sagêd olah-olahan cara Jawi, botên sagêd olah-olahan cara Eropah, pinanggihipun lajêng sagêd lêlintonan kawruh. Kajawi wulangan olah-olah ingkang kamaligèkakên.

Ing ngandhap punika wontên olah-olahan kalih warni, ingkang katindakakên dening satunggiling pakêmpalan wanita.

Kasêtèngêl

Glêpung gandum 4 cangkir, kèju dipun parud 6 cangkir, martega 1 cangkir, tigan ayam 2 iji.

Abên-abênan sadaya wau lajêng dipun ulêd dados satunggal ngantos amor. Lajêng dipun ulig-ulig, agêngipun sadriji-driji, dipun kêthok-kêthok sapantêsipun, saha dipun osèr-osèri kuninging tigan. Wusana lajêng dipun pan.

Brusêl

Gêndhis bubukan 1 onês, martega 2 pun, tigan 2 iji, glêpung gandum 4 pun. Gêndhis, martega tuwin tigan wau dipun ublêg, manawi sampun amor lajêng dipun cêmplungi glêpungipun.

Lajêng damêl abênan malih, martega 1 pun, gêndhis pasir 1 pun, tigan 2 iji, glêpung gandum 1/2 pun. Martega tuwin gêndhis dipun ublêg rumiyin, tiganipun dipun cêmplungakên kaping tiga, manawi sampun lajêng dipun cêmplungi glêpungipun, dipun dèkèki panili 2.

Abênan ingkang kapisan, dipun damêl kulit, dene abênan ingkang kaping kalih kadamêl isinipun. Pandamêling kulit kawangun kados wadhah lajêng dipun isèni. Wusana lajêng dipun pan.

--- 219 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab reclasseering.

III

Petruk : Kang Garèng, dhèk anu aku rak wis ngomong, yèn wong kang laku cidra kuwi ora kêna ditêmtokake yèn dhasare pancèn ala, bisa uga anggone nglakoni cidra jalaran saka kalimpute atine. Kang kaya mangkono iku nagara piyambak iya ngemuti, tandhane: dhèk biyèn kuwi ora prêduli wong bêcik-bêcik, ora prêduli wong sêtêngah matêng, ora prêduli wong lêthêng bangêt, anggêre nêrak kang dadi larangan lan wêwalêring nagara, iya banjur sruthut, jê... blus, dilêbokake nyang buwèn bae. Nanging wiwit taun 1918 nagara ambawani paring dalan kanggo nindakake reklasering, jalaran nagara amanggalih: 1. Yèn paukuman-paukuman mau durung bisa ngêndhakake lakune para cidra, jalaran wong-wong sing ora pati gêdhe dosane lan dhasare pancèn ora ala, kuwi yèn ana ing sajêroning buwi banjur dikumpulake karo wong-wong sing dhasare pancèn ala wiwit nang wêtêngan pisan, ing kono kayadene banjur olèh wulangan lan tuntunan supaya laku cidra.

[Grafik]

Garèng : Kiyi pancèn iya bênêr bangêt, Truk, mula iya nyata kêkumpulan kuwi sok bisa andayani marang wêwatêkan, tandhane aku kiyi bae, wah, nèk kowe wêruh aku dhèk biyèn-biyène, wêwatêkanaku pancèn iya agawe gumune wong urip têmênan, anggonku tani, ora dhêmên palêsir-palêsir, ora dhêmên kalintong-kalintong, nyang barang maksiyat sèwu pos dohe, cêkake gaweku sabên dinane kuwi ora ana liya kajaba andhuwêl nyang ngomah bae, nganti awakku mèh bae dipondhoki dara: bèri-bèri, lo, samono taniku kala samana. Nanging barêng aku diangkat dadi priyayi: lir linghèlêp mandhor dalan, sanadyan cilik mênthik pisan rak iya wis jênêng priyayi, ta, mulane iya kapêksa kudu kêrêp kumpul-kumpulan karo priyayi-priyayi liya, kaya ta: kumpulan malêm Minggon nganti têkan Sênèn esuk, muyèn,

--- 220 ---

lan sapêpadhane. Saka anggone tansah kumpul-kumpul mau, ing wusanane pikiranaku banjur malih babarpisan, sing maune ngrasa ayêm lan jênak ana ing ngomah, sabanjure nèk ana ing ngomah, sing katon ana ing mata bae jêbul... bêdor utawa sangabang.

Petruk : Wayah, wong pancèn karêm main dhadhu barang kathik ana-ana bae sing diomongake. Wis, wis, Kang Garèng, tak banjurne omongku ing ngarêp. 2. Suwe-suwene nagara amanggalih prêlu amawas kaanane wong sing laku cidra mau, mulane iya banjur prêlu kudu dititi: mungguh kalakuane wong mau, cara-carane uripe, kaanane sadulur-sadulure lan sapiturute. Wusanane banjur dianggêp prêlu kudu ditimbang paukumane, supaya wong mau aja mundhak ala tindake, kosokbaline supaya bisa dadi wong bêcik-bêcik manèh. Suwe-suwene bisa yakin têmênan, yèn laku cidra sing ditindakake dening sawarnaning wong, kuwi ora kêna dipadhakake bae, jalaran iya kudu dielingi sabab-sababe kang anjalari nindakake kaya mêngkono kuwi. Dadi saupamane nyolong bae, nyolong jalaran saka kapêksa, karo nyolong jalaran saka lumuh nyambut gawe, saka kêsède, lo, kiyi rak beda, ta.

Garèng : Wah, iya mêsthi beda bangêt. Mêngkono uga nyolong sing ora disêngaja, karo nyolong sing pancèn disêngaja arêp agawe kapitunane liyan, kiyi iya kudu dibedakake. Awit manusa kuwi wong gampang bangêt lali lan salah petunge, kayadene aku kiyi kêrêp bae katutan apa-apa sing jalaran saka lali utawa salah petungku, kaya ta: nèk kabênêr ngiras sêga pêcêl kae, kêrêp bae sing tak bayar kuwi papat utawa limang wungkus, nanging barêng bakule wis lunga, lagi kèlingan, yèn sing tak labasake jêbul ana salusin wungkus.

Petruk : Wiyah, iya pancèn arêp niyat anggadhug, nèk ora mêngkono, geneya têka kalalèn lan salahe petung mau ora mung sapisan pindho bae, kok malah migunakake têmbung: kêrêp, têgêse: wis bola-bali.

Garèng : Hla, rak iya lidok ta, nèk sing lali utawa salah petung bangsane wong kaya aku bae, iya banjur: glodhag, ditêtêpake: laku ala. Nanging saupama sing lali lan salah wèsêl mau, bôngsa bêndara, apa manèh yèn apangkat bêsar, utawa bôngsa: mênir Wèlêm Jakob, lan Karêl, iya diunèkake: ora disêngaja arêp laku cidra. Jalaran saka iki, sanadyan aku bungah êmbuh buyute bungah, dene nagara angèngêti sabab-sababe kang anjalari wong laku cidra, ewadene aku kok banjur rada kuwatir, dhing, nèk anggone angèngêti mau nganggo ukuran warna loro, têgêse: nèk sing laku cidra mau mung bangsane krama bae, iya ora susah nganggo ditlita-tliti, utawa diuras-urus, ngêmungake thêk, trêthêk, diputus: wong ala, nanging nèk sing laku cidra bangsane bêndara utawa tuwan-tuwan, iya êngko sik êngko sik...

Petruk : Wèyèh, Kang Garèng kiyi têka

--- 221 ---

banjur andakwa sing ora-ora mêngkono, wis mêsthi anggone analiti mau iya kanthi saadil-adile, ora bakal ambedakake siji lan sijining wong, ananging ing sarèhne sing sok laku cidra kuwi sing akèh-akèh bôngsa krama, iya iku bôngsa sing mlarad, iya banjur katone kayadene nèk bangsane krama sing laku cidra mau, banjur tanpa nganggo ditaliti lan diurus kang luwih dawa, nanging pracayaa nyang aku, Kang Garèng, yèn cara-carane nagara anggone analiti tanpa ambedak-bedakake pangkat utawa drajad, nanging iya dipadha bae. Dene kaanane saiki durung pati nyênêngake, lo, kuwi kowe kudu ngèlingi, yèn pranatan kiyi durung suwe tumindake, dadi iya durung bisa sampurna. Wis, wis, Kang Garèng, saiki tak banjurne andharanaku. Jalaran anane pranatan analiti sabab-sababe kang anjalari wong banjur nindakake laku cidra mau, nagara banjur nganakake pranatan ukuman anyar, yaiku sing diarani: ukuman janggêlan (voorwaardelijke veroordeeling).

Garèng : We, hla, saiki kiyi ukuman bae kok ana sing janggêlan, nèk biyèn kajêg-kajêge sing janggêlan kuwi: mung ngêbon limun utawa banyu lônda. Upamane yèn arêp pista gêdhe, bêstèl limun lan banyu lônda nganti pirang-pirang lusin, nanging nganggo janggêlan: turahane kêna dibalèkake.

Petruk : Hara, kok banjur nyandhak bab prakara bon-bonan. Wis, wis, wis, rêmbuge padha dilèrèni samene bae dhisik, ora wurung mêngko iya mung arêp talencengan bae, liya dina bae padha dibanjurake manèh.

Sêmbahyang Idul Pitri

[Grafik]

Kaum Islam golongan Muhammadiyah ing Ngayogya, nalika sêmbahyang Idul Pitri wontên ing ara-ara.

--- 222 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS

TANAH NGRIKI.

Sêsarêngan jumênêng pangeranpati. Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana sampun napak astani kêkancingan jumênêngipun pangeranpati ing karajan Mêlayu têtiga: 1. Tengku Otteman, ajêjuluk Tengku Mahkota, ing têmbe sumilih jumênêng sultan ing Dèli; 2. Tengku Anwar, jêjuluk Tengku Besar, ing têmbe sumilih sultan ing Serdang; 3. Tengku Mansur, jêjuluk Têngku Besar, ing têmbe sumilih sultan ing Kualuh.

Putra nata ingkang sampun ingangkat jumênêng pangeranpati punika, sadaya kalampahanipun wontên ing têmbe, nanging sampun araos nyakêti dhamparing kaprabon.

[Grafik]

Panggêsangan ngingah kambangan. Tumrap têtiyang ing kitha, ngingah kambangan punika namung kangge sambèn kemawon, nanging tumrap tiyang sajawining kitha, ingkang papanipun anyêkapi, ngingah kambangan punika malah dados panggêsangan, awit pangingahipun aturan, paniganipun botên sakêdhik. Inginggil punika gambar dununging papan pangenan kambangan ing Bêkasi, Mr. Cornelis.

Mr. Urip Kartodirjo dados Walandi. Kasêbut ing Stbl. 1932 No. 39, Mr. Urip Kartodirjo, president landraad ing Bonthain (Celebes) hakipun sampun kasamèkakên kalihan bangsa Eropah.

Beda-bedaning kadrajatan punika pancèn limrah dados pêpenginan, samantêna mêksa mawi êmpan papan. Upaminipun tiyang kapengin angsal pangaji-aji, karaya-raya sumêngka angangkat badan, sanadyan hakipun sampun kasamèkakên kalihan bangsa Eropah, nanging manawi botên salaras, inggih tiwas dados ucap kemawon. Nanging manawi nyataning kawontênanipun sampun kados Mr. Urip, raosipun inggih sampun mungguh. Nanging punapa inggih ing batos badhe araos Walandi sayêktos?

Partai Indonesia badhe adamêl congres. Kawartosakên, benjing tanggal 14 dumugi tanggal 17 Mèi, pakêmpalan P.I. badhe ngawontênakên congres ingkang kapisan wontên Bêtawi. Ing congres wau badhe ngawontênakên rêmbag ing bab swadesyi utawi badhe ngêdalakên sêrat kabar kabangsan.

Manawi badhe ngajêngakên ing bab swadesyi mugi ingkang lair batos sayêktos, sampun wontên ing begandring kemawon. Dene ing bab badhe ngêdalakên sêrat kabar, mugi sampun ngantos kirang wêweka, kêdah tansah angèngêtana jamanipun.

Bangsa ngamanca ingkang dhatêng ing tanah ngriki. Miturut pèngêtan, wontênipun bangsa ngamanca ingkang lêlana dhatêng tanah ngriki ing taun 1931 wontên 10.000, ing taun 1930 langkung kathah, kaot 1000, punika dèrèng kapetang ingkang numpak kapal ingkang kamaligèkakên.

Wah tindakipun para andon lêlana punika, kados namung prêlu mamèrakên kasugihanipun.

Sudan sèwu siti. Kawartosakên, ing rantaman wragad karajan Surakarta taun 1932, pêpetangan pajêg siti ingkang kangge têtanèn, kajawi tumrap siti ingkang katanêm sata, kasuda 20%. Jalaran saking sudaning pajêg wau, karajan Jawi kapitunan f 32.000.-. Kajawi punika ugi ngrancang sudaning pajêg siti 20%.

Hêm, ing pundi-pundi botên wontên lêlampahan ingkang raosipun botên nyuda.

Gêdhong Nasional Indonesia tuwin arta darma f 30.000. Ing wêkdal punika sami rame tuwuh rêmbag ing bab arta f 30.000.- ingkang kadarmakakên dhatêng G.N.I. asli saking Tuwan J.H. Behrns, tilas tuan kêbon ing Banyuwangi. Darma wau dipun wastani wados.

Pancènipun rêmbag kados makatên punika botên prêlu kapanjang-panjangakên, inggih saking sintêna kemawon, waton botên mawi prêjanjian ingkang badhe damêl kapitunan, bok inggih kajêngipun.

Badhe nglêbêtakên barang kangge nyingkiri pajêg. Pabeyan ing Tanjungpriok mêntas andênangi dêlancang sigarèt ingkang asli saking Tiongkok, beyanipun kintên-kintên wontên 6 èwu rupiyah. Lan ugi mêntas ambêslah batu api, ingkang badhe kalêbêtakên sarana salingkuh.

Tindak kados makatên punika sanadyan nyamari, tur manawi kacêpêng adamêl kapitunan agêng, ewadene tansah dipun lampahi. Kados makatên tumindaking lêlampahan ing donya.

Bantèng Rakyat. Sêrat kabar bantèng Rakyat ing Ngayogya kalampahan sampun mêdal. B.R. punika sanès gadhahanipun P.I. utawi golongan Mêrdika, nanging gadhahanipun golongan ingkang sêtya dhatêng bêndera abrit pêthak aciri sirah banthèng.

Sudaning angsal-angsalan beya ing Tanjungpriok. Ingkang sampun-sampun angsal-angsalaning beya ing Tanjungpriok sabên [sa...]

--- 223 ---

[...bên] wulan f 1.000.000. Ing taun 1931 ugi taksih samantên, nanging wulan Januari kapêngkêr namung angsal f 708.000.-

We, la, kojur, têka saya mêngkêrêt lan ngaprêt makatên.

Ngajêngakên barang damêlan piyambak. Wontên pawartos, Tuwan Driyawongsa sakanca gadhah sêdya badhe damêl parêpatan kalihan pangrèh pakêmpalan cooperatie Mataram, ngrêmbag supados barang dêdamêlan tiyang siti sagêd sumêbar dhatêng pundi-pundi.

Sêdyanipun Tuwan Driyowongso wau pinuji sagêda kasêmbadan; benjing dhumawahipun parêpatan sagêda matêngakên rêmbag ing bab sêdyanipun wau. Awit tindak makatên punika badhe sagêd nênangi dhatêng kamajênganing kagunan bangsa lan nyarambahi adamêl panggêsanganing ngakathah.

Têtiyang 200 sami dhatêng kantor pulisi. Ing Bandung mêntas wontên tiyang jalêr èstri sami sowan dhatêng kantor pulisi, prêlu nyêrêg dhatêng satunggiling aannemer ingkang nyidrani janji, jalaran sagah badhe kaajak nyambut damêl dhatêng Palembang, wusana botên nyata.

Muring-muringipun têtiyang ingkang kados makatên punika kenging kangge tandha saksi, bilih têtiyangipun sami bêtah panggêsangan.

Pamulangan P.B.I. Pang P.B.I. ing Surakarta badhe ngêdêgakên pamulangan kabangsan, kanamakakên sêkolahan P.B.I. Nanging bab punika taksih dados rêmbag kalihan centraal bestuur ing Sukaraja.

Bab punika pinuji kalampahanipun.

Jambore kabangsan wontên ing Malang. Benjing wulan Juni 1932 padvinder K.B.I. badhe ngawontênakên jambore kabangsan wontên ing Malang. Ingkang badhe tumut apêsipun wontên tiyang 600.

Wah, iba asrinipun.

Pabrik limun gadhahanipun tiyang siti. Benjing wulan ngajêng ing Ngayogya badhe wontên pabrik limun ingkang dipun adêgakên dening tiyang siti, dipun namakakên Merapi, pawitanipun f 5000.- Ing sapunika ngêntosi dhatênging mêsin wêlinganipun saking Jerman.

Kados ing sapunika sampun kalamangsanipun, tiyang siti kabuka ing manah, purun tumandang damêl anelad bangsa ngamanca. Mangga sintên malih.

Kasangsaran anggêgana. Kawartosakên, R.M. Sutarjo, putranipun Bupati Karanganyar suwargi, murid Nes. Id. Vlieg-club ing Bandung, anggêgana ngangge mêsin mabur "Kriel" prêlu kangge ngambali nêmpuh pandadaran anggêgana ingkang sampun angsal pandadaranipun panggêgananipun sakawit sae, nanging nalika badhe mandhap, mêsin mabur wau lajêng menggok saha lajêng dhawah. Mêsinipun risak, R.M. Sutarjo botên èngêt lajêng tilar donya, amargi sirahipun kêtatab. Mayitipun R.M. Sutarjo lajêng kabêkta dhatêng griya sakit. Salajêngipun kasangsaran punika kapriksa dening commissie para ahli anggêgana.

Mugi arwahipun ingkang murwèng ing kasidan dumugia pangayunaning Pangeran kanthi margi padhang. Eman, dene sêdyanipun badhe dados Radèn Gathotkaca amanggih pambêngan.

Wohing salaki rabi pêksan. Ing Talangulu, Palembang, wintênwontên. lare èstri dipun emah-emahakên dening tiyang sêpuhipun, angsal lare jalêr ingkang botên dados panujuning manah. Enjingipun pangantèn èstri pinanggih pêjah ngêndhat.

Lêlampahan kados makatên punika sampun kêrêp pinanggih, punika wajib dados panggalihanipun tiyang sêpuh. Makatên ugi kosok-wangsulipun, anak punapa botên wajib ngêmong dhatêng katêntrêmanipun tiyang sêpuh? Awit tindak ingkang linampahan gampil, punika sajatosipun riwil sangêt.

Tiyang anggantosakên namung sakêdhik. Miturut kawontênan kala ngajêngakên lêbaran, ing pagadhean guprêmèn ing Cakranêgaran (Surakarta), tiyang ingkang anggantosakên sakêdhik sangêt, beda kalihan padatan.

Mirit kawontênan wau, kiranging tiyang anggantosakên punapa botên jalaran têtiyangipun sampun sami botên gêgadhahan? Nanging manawi mirit kawontênanipun ing Surakarta taksih kathah pagantosan jawi, sagêd ugi têtiyangipun sami anggantosakên dhatêng pagantosan jawi wau.

H.I.S. dhêdhasar Islam ing Bogor. Kala tanggal 14 wulan punika, ing kampung Empang, Bogor, mêntas kawontênakên parêpatan umum, saking ada-adanipun comite adêging H.I.S. met den Qoran, kangge mupakatakên pambikaking pamulangan ing enjingipun. Parêpatan dipun dhatêngi wêwakil: B.O. Pasundan, P.G.H.B., C.C.I. tuwin sanès-sanèsipun. Sêsêpuhipun comite Tuwan Partaamisena, mratelakakên ancasing H.I.S., inggih punika anyêkapakên kabêtahan ing bab pangajaran, salajêngipun para wêwakil pakêmpalan gêgêntosan mêdhar sabda. Jam 12 bibaran, wilujêng. Sêkolahan wau muridipun wontên 50.

Tindak ingkang makatên punika pinanggihipun wontên ing jaman sapunika sampun anglênggahi kalihan kawontênanipun, dados katingal botên tansah dados damêl kemawon.

EROPA.

[Grafik]

Sawung ulah raga ing Eropa badhe dhatêng ing Amerika. Tumrap ing tanah Eropa, ulah raga punika dipun wigatosakên sangêt, satunggal-satunggaling ulah raga wontên sawungipun piyambak-piyambak. inginggil punika para sawung ulah raga golongan ulah raga warni-warni ing Eropa, sami badhe bidhal dhatêng Amerika.

ASIA.

Wadya Jêpan kasêsêr. Wadya Jêpan ing Pai Chi Chiao, Hu Chia Mu Chiao, Hisang Yen Chiao, Hongkew tuwin Kiang Wan kakawonakên dening wadya Tiongkok, Hoofdkwartier Jêpan ing Hankew kenging dipun broki wadya Tiongkok.

--- 224 ---

Waosan

Dongèng ingkang kaping Tiga.

Drêsthadyumna

25

[Sinom]

dènnya mêmangun sri nata / mring ananing candhi-candhi / kongsi misuwur warata / kalamun tinimbang yêkti / tan ana kang madhani / kalawan iyasanipun / Prabu Drêsthajumêna / katêlah praptèng samangkin / tabêtira maksih acêtha katara //

dene kang langkung gêngira / pan wontên candhi kêkalih / karan Lowa Mahapaya / lawan candhi Ruwadwêli / kang ugi karan nami / Mahatupa candhi luhung / tan ana kang tumimbang / agung myang adining candhi / kongsi datan kadi yasaning manusa //

winarna kaananira / Lowa Mahapaya nênggih / ing luhur atundha sanga / sinawang langkung rêspati / kadi sundhul ing langit / saking kadohan kadulu / anjênggarang ngalela / santosanira ngluwihi / pantês dadya papan ulah pudyabrata //

anênggih sêsakanira / sèwu ênêm atus iji / tinrapan sênthongan sasra / ing sabên sênthongan siji / dèn goni biksu luwih / kang mungkul ulah pudyayu / yèku para pandhita / praja Anurada puri / sêmunira mawèh sêngsêming nagara //

saking adining yêyasan / yèn pinandhing samèng candhi / kabèh tan ana tumimbang / nadyan yêyasan ing nguni / tan paja-paja mirib / kapara kasoran wangun / agung myang inggilira / sadaya sarwa ngungkuli / kang mangkana mawèh gawok sanggyanira //

kang môngka pêpayonira / blebekan têmbaga sari / lamun kasoroting surya / sunarira anêlahi / tan pae kadi rukmi / tembok tinrètès jumêrut / sinêling ing sêsotya / tinrapan dhêdhampar gadhing / pinayonan ing sutra pêthak rinenda //

dene sakaning pandhapa / apan mas galigèn sami / ing ngandhap mawa sinôngga / pêpêthan singa rêspati / saka rinêngga adi / ron-ronan sarwa mas tatur / myang sêsêkaranira / tinrapan sotya dumêling / cahyanira lan surya rêbut prabawa //

Sang Prabu Drêsthajumêna / kêrêp rawuh anèng candhi / ing kala rawuh alênggah / munggwing ing dhêdhampar gadhing / para biksu sumiwi / dhêdhêg kongsi katon pênuh / yèku pra biksu sasra / kang dêdunung anèng candhi / samya marêk kala nata sinewaka //

kalamun nuju mangkana / arêgêng sajroning candhi / gumrênggêng kèbêkan puja / kawuryan kalangkung asri / kang mangkana sayêkti / tan pae pêpindhanipun / dènnya nata sewaka / lir tungguling dewa luwih / sinewa ing pra dewa sadayanira //

ing nalika nata têdhak / bidhalira nitih èsthi / yèku kang èsthi karajan / kang nama Kandhula nguni / rinêngga busanadi / gigir linapakan bludru / abrit amarakata / rinenda-renda ing rukmi / yèn sinawang tan pae aldaka kobar //

ginarubyug para wadya / samya abusana asri / kadi duk ing kalanira / pasamuwaning nagari / marma tindakiraji / lir arak-arakan luhung / singa kang samya mulat / yêkti kapencut tut wuri / têmah saya mawèh asrinirèng marga //

swaraning kang têtabuhan / kumrangsang nyabawèng langit / kadi asuka sasmita / mring para biksu ing candhi / pra biksu duk miyarsi / tangara ingkang gumuruh / samya agita-gita / angalumpuk dadya siji / sumadhiya nganti rawuhing narendra //

riwusing narendra prapta / pra biksu umapag sami / anggarubyug tindak nata / umanjing jêroning candhi / sakala nulya kèksi / jêro kèbêkan kêkuwung / sadaya kasunaran / sanadyan kang pêtêng sêpi / dadya sêngsêm kang umulat rasa suka //

mangkya marna purwanira / duk sri nata yasa candhi / kang samana agêngira / kalamun rinasa yêkti / yêkti elok kapati / dènnya kasambadan wujud / dene ing jatinira / sanggyèng laku anyarêngi / kadya antuk bêbantuning dewanira //

kang kocap anèng carita / sakubêngira kang candhi / duk maksih wujud maluwa / kèbêkan sela myang malih / banon kadi sumaji / kêthèn yutan cacahipun / dadya kaananira / lir ambantu sri bupati / kasêmbadan sri nata dènira yasa //

awit wus tan kêkurangan / banon myang sela sumandhing / môngka iku jatinira / kang dadya baku linuwih / tumrap yêyasan candhi / bôndha kang mangkana iku / marma wusing tumandang / tumindaking karya yêkti / dadya rikat linakon kanthi sakeca //

dene mula-mulanira / kang dadya carita nguni / duk jamanira Sri Tisa / wontên pandhita linuwih / Sang Maindha wêwangi / amêca kalamun besuk / wontên narendra tama / kang kawasa amêngkoni / ajêjuluk Mahaprabu Drêsthadyumna //

benjang sri nata kawasa / ayasa candhi linuwih / anèng taman Mahamega / datan ana kang anyami / agung adining candhi / nadyan praptanirèng besuk / wêca ingkang mangkana / ing wuri ugi pinanggih / cinathêt nèng sêrat têtilaranira //

praptanirèng kalamôngsa / apan kasêmbadan yêkti / yèku duk jumênêngira / Sri Drêsthajumêna mangkin / dadya wêca ing nguni / sadaya sampun tinêmu / myang kanthi kaelokan / wusana wusing pinanggih / kasêmbadan datan antuk sambekala // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 16, 16 Sawal Je 1862, 24 Pèbruari 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [241] ---

Ôngka 16, 16 Sawal Je 1862, 24 Pèbruari 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan. Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Môngsa padhidhing ing nagari Walandi

[Grafik]

para among sênêng ing kalanipun môngsa padhidhing ing Pondhêlparêk, Amsêtêrdham.

--- 242 ---

Kawruh Padhalangan

Ringkêsaning Kawruh Padhalangan Ringgit Purwa ing Surakarta

Sambêtipun Kajawèn nomêr 15

Susulan purwaka. Kathah têmbung ingkang botên adhakan tuwin têmbung adat ing padhalangan ugi wontên ingkang botên kasrambah. Ingkang makatên wau ing ngriki ngangkah ngicali têtêmbungan sarta panyôndra ingkang kirang mungguh, utawi sasagêd-sagêd anglêrêsakên ingkang lêpat. Dene anggèn kula nglêrêsakên têmbung-têmbung wau sêsuluh saking panjênênganipun Radèn Ngabèi Dhoktor Purbacaraka. Kajawi punika, sadaya ucap-ucapan ing ngandhap punika salugunipun ragi kêpanjangên, amargi kaangkah pêpak suraosipun. Dene panganggenipun wontên ing pawayangan anggènipun ngringkês kasumanggakakên ingkang sami kasdu ngagêm. Sarta ucap-ucapan punika botên katêlasakên sadalu pisan. Lêlajênganipun tumrap lampahan Parta Krama punika saking ucap-ucapan bibar pêrang sêkar botên dipun wontêni, amargi sampun sagêd mirid ingkang sampun wontên. Dene ucap-ucapan sanèsipun ingkang taksih prêlu, badhe kawrat wontên ing tambahan, kados ta: ucap-ucapan jêjêran raton limrah, jêjêran Ngastina, jêjêran Guru, adêgan pandhita, Gathutkaca mabur, Wrêkodara mlumpat, Janaka, gajah, kreta, Krêsna anggêgana, Sumbadra, wêlasan duka, Banowati, gara-gara, tuwin sapanunggilanipun.

Ucap-ucapan ôngka 8

Kêdhatonan

Kacarita ing dhatulaya, para pramèswari nata lênggah pananggap ing prabayasa sisih lèr wetan, pinarak para rum-aruming pura, aglar ambêlabar dumugi ing paningrat. Sintên jêjulukipun para pramèswari: Rêtna Jêmbawati, Rêtna Rukmini, Rêtna Sêtyaboma. Pramèswari nata pranyata putri utama, trah kusuma, rêmbêsing madu wijiling amara tapa. Sami sulistya ing warna yayah gambar wêwangunan. Ambêg susila ngumala manik, aruming galih kadi mênyan kobar, sami mardu mardawa manuhara ing basa. Adhêdhasar limpad pasanging graita wingit, tuwuk wulang pangawikan, mituhu ing kautaman, bêkti rumanti nastiti ing laki, mila sri bupati kasok trêsnane dhatêng para garwa. Lêlewaning para pramèswari: Rêtna Jêmbawati jatmika kirang pangandika, kaduk noraga. Rêtna Rukmini kaduk èsêm, nanging larang sabda. Rêtna Sêtyaboma gapyak-gapyak patitis ing wicara, nglam-lami kapiyarsa. Sadaya sami gandês luwês parigêl raga karana. Nalika punika para pramèswari anganti jêngkaring raka nata sinambi mirsani gêbyagan badhaya srimpi. Pradôngga angrangin, sênggak kêplok imbal angadhasih.

Ya ta para pramèswari mirêng têngara jêngkaring nata saking siti inggil, para pramèswari tandya sami jumênêng dhatêng pananggapan pandhapa, mapag jêngkaring raka nata, ginarubyug putri salêbêting pura.

Ucap-ucapan ôngka 9

Sanggar palanggatan

--- 243 ---

Kacarita sri bupati lukar busana kaprabon, ngagêm cara brahmana, laju lumêbêt ing sanggar palanggatan. Kundha padupan, ratus tila, kayu sri, sagunging wêwangi sampun ingobar. Kukus kumêlun sundhul ing antariksa, tuwin cêcaruan, widi widhana, sajèning yoga adyana sampun samapta. Sang nata lajêng mangsah maladi êning, manêgês karsaning sang murwèng pandulu, nutupi babahan sanga, sidhakêp sluku tunggal, mawas titiagra nasika, anubwawa ing uswasa, sanalika linang suksma sarira mari karênga, purna sidi samadine sang nata. Antuk cipta sasmitaning ngabathara, kajurungan sagunging prayojana, widada tanpa sambekala. Sang prabu lajêng wêdhar samawi.

[Grafik]

Patih Udawa

(Mawi têtêgan) sinigêg gênti cinarita ing pasowanan jawi, taksih kapiyarsa rarasing lokanônta, (mungêl gêndhing: lokanônta) kang sami sumewa kawuryan bingar samuwa.

Ucap-ucapan ôngka 10

Pasowanan jawi

Ing pasowanan jawi ingkang mangagêngi Radèn Arya Udawa. Adipati Udawa sayêkti patih utama, widagda ing saniskara, lêbda ulahing suwita, putus pangrèhing praja, bisa amot mêngku sawadya punggawa dumugi para kawula, sami sinuba kaleban ing palamarta. Patih Udawa miguna ing aguna, bangkit datan manguntagi, dhasar sudira wirotama ing ngayuda. Abot ampuh pamukule, jêro panyuduke, sugih gêlar ing prang, angrakit durgama rungsit. Tur sêmbada pêkik warnane, sêmu jatmika, datan tuna ing wêweka, bisa basukining basa, bêbasan amis dadi arum, arum sangsaya angambar. Mila wong sapraja sami kèdhêp lêrêp ajrih trêsna. Adipati Udawa sêmbada ing pada wadana, dêdêg pidêgsa gagah prakosa, sarwa santosa. Nalika punika lênggah sowan wontên ing pagêlaran, lêlamakan teleyanganlante leyangan. gêndhaga.

Ing pagêlaran para sumewa bêg ambèr ambalabar dumugi ing pangurakan, kaya ngrubuhna pancak sujining alun-alun. Panjêran daludag, lêlayu kakôndha pating karêlab. Busananing wadya katrangan ing prabangkara pating galêbyar kadi wana kawêlagar.

Mangkana katungka Sri Baladewa mandhap saking siti inggil, lajêng lênggah ing manguntur tangkil, ingadhêp para satriya punggawa sami atrap pranata. Sri bupati dhangah-dhangah angrênggani ing pagêlaran. Ya ta Sri Mandura karsa imbal pangandika.

--- 244 ---

Pawartos Sanès Praja

Pasulayan Tiongkok kalihan Jêpan

Ing sapunika sampun umum, bilih Jêpan kalihan Tiongkok nama pêrangan, ing donya gêdêr sabên tiyang arêraosan ing bab pêpêrangan wau. Ing sakawit têtiyang gadhah pangintên, saupami pêrangan tamtu rame, satunggal mênang papan tuwin mênang tiyang, inggih punika Tiongkok, dene satunggalipun, inggih punika Jêpan, mênang gêgaman. Dene pinanggihipun pancèn nyata, nama tandhing yêktos.

[Grafik]

Para saradhadhu dharatan lan lautan Jêpan ingkang nuju damêl tumpukan karung isi pasir kangge nanggulangi mêngsah wontên ing papan paprangan.

Nanging mênggahing umum, cara sawungipun, Jêpan mênang ulêt, dening sampun otot, dados ing pangintên, Jêpan tamtu unggul, awit sampun sinêbut bilih Jêpan punika têtiyangipun pangawak prajurit. Kosokwangsulipun mênggahing bôngsa Tionghwa, dipun wastani kêndho, dening dhêdhasaripun pancèn ambêk sabaran.

Wontên malih ingkang mindhakakên, Tiongkok punika kaupamèkakên sima tilêm, kajêngipun, sanadyan wujudipun ngajrih-ajrihi, nanging kawontênanipun botên adamêl samar. Mênggah pinanggihing pêpindhan wau sarêng wiwit wontên pêpêrangan, Tiongkok katingal yêktos kados sima ingkang lajêng katingal tangi, tandangipun angedap-edapi, saha ugi katingal anggènipun pangawak [pangawa...]

--- 245 ---

[...k] prajurit, sagêd ngêmbuli panêmpuhing mêngsah sêkti.

Jêpan ingkang wujudipun pancèn ngajrih-ajrihi, panêmpuhipun kêrêp kêsêsêr. Sarêng Jêpan ing sabrebetan katingal kasêsêr ing prang, lajêng muntab krodhanipun, dhatênging wadya bêbantu kados gumulunging alun nêmpuh dharatan, kadugi ngêlêbi dharatan saisinipun sadaya. Nanging Tiongkok ingkang pancèn pangawak parang curi sarwa santosa, botên ebah tinêmpuh ing bêbaya ingkang kados makatên punika. Cêkakipun ing sapunika rame sangêt.

Jagad punika manawi kêdah badhe rame, dilalah bôngsa Jêpan ingkang sampun misuwur sêtya dhatêng praja, ing sapunika ugi wontên ingkang botên nayogyani dhatêng wontêning paprangan, para sêtudhèn ing Tokiyo sami ngawontênakên arak-arakan, ingkang kajêngipun adamêl pamênggak sampun ngantos wontên pêpêrangan. Tindak makatên punika tamtu kemawon adamêl botên rênanipun praja, wêkasan lajêng sami dipun cêpêngi, angêntosi dhawahing pidana. Mênggahing nalar, tindak makatên wau lajêng dados sêsakit, saha nyuda kasantosaning praja.

Kosokwangsulipun bôngsa Tionghwa ingkang dipun wastani botên kêdunungan manah prajurit, sarêng wontên ungup pasulayan, para sêtudhènipun sami adrêng nêdha supados dipun dadosakên pêrang, malah wontên ingkang sami muring-muring, anêpsoni pangagêng, dipun wastani kêndho nindakakên wajib.

Mirit pamawasipun ahli pêrang, gadhah pangintên bilih panêmpuhipun Jêpan badhe tanpa damêl, awit papanipun sakalangkung pakèwêd. Ing sadèrèngipun wadya Tiongkok sampun adamêl rongrongan pangumpêtan kathah, makatên malih prajurit Tionghwa wau sami adhêdhasar manah santosa. Nanging tumrapipun sanès amastani, sanadyan dhêdhasaring kaprajuritan sampun botên nguciwani, nanging pancèn kawon dêdamêl kalihan Jêpan, pirantos-pirantos pangrisak sarwa sampurna.

[Grafik]

Para wêwakil militèr ing môncapraja nalika dhatêng wontên ing tanah Mansuriah.

Ingkang pinanggih ing paprangan, golongan Tionghwa mêntas nawan prajurit Jêpan cacah 1300, prajurit-prajurit samantên wau katawanipun jalaran kenging wisaya.

Pawartos ing bab campuhing pêrang sabên dintên tanpa kêndhat, panêmpuh wau warni-warni, wontên ingkang sakalangkung ngêgèt, kados ta panêmpuhipun wadya Jêpan dhatêng barisaning mêngsah ing sapinggiripun lèpèn Wosung, ing pangintên papan ingkang dipun têmpuh wau tamtu kêbrokan, nanging wadya Tionghwa sakalangkung [saka...]

--- 246 ---

[...langkung] trampil tuwin santosa pamapanipun, botên kengguh dipun têmpuh mêngsah. Kalampahan wadya Jêpan cabar ing damêl, malah wadya Jêpan ingkang sampun sagêd nyabrangi lèpèn, mêksa kenging kaundurakên kanthi kawantêran, Jêpan amanggih karisakan agêng. Wontên pawartos malih, ing wanci sontên wadya Jêpan cacah 20.000 nêmpuh Syanghai, panêmpuhipun ngantos gangsal panggenan. Nanging Jêpan kasoran, saradhadhu Jêpan ingkang sirna ewon, dêdamêlipun sami dipun pêndhêti ing mêngsah. Kojur malih wontên saradhadhu pitung èwu lumajêng dhatêng jajahan Inggris, dêdamêlipun ugi sami dipun têdhani.

Golongan Tiongkok saya nyantosani barisanipun, senapati pêrang Pèngyusyang mêpak wadya 100.000 manggèn urut margi sêpur Syanghai, Nanking, Syang Kai Sèk ambarisakên wadyanipun 25.000 wontên Syanghai sisih kidul. Panjagi wau ngawekani, samôngsa wadya Jêpan sagêd andhadhalakên barisan ing Kape lajêng sagêd dipun tanggulangi dening wadya Tionghwa ingkang sakalangkung santosa.

Jalaran saking kawontênan kados makatên punika, lajêng nuwuhakên rêndhêting lampah among dagang, inggih punika bang-bang kêpêksa tutup, para sudagar botên sagêd mêndhêt arta, barang-barang ingkang dhatêng kêpêksa mumbruk dipun têtêl wontên ing gudhang, malah kathah ingkang lajêng sami nyuwak wêlinganipun, supados botên dipun kintuni rumiyin.

Kados makatên pinanggihipun ing môngsa paprangan.

Bab Buku

Redhaksi Kajawèn sampun nampèni buku saking toko buku J.B. Wolters ing Batawi, cacah satunggal iji, buku wau basa Walandi nama De Hindoe-tijd, karanganipun Tuwan H. Uljee, guru pamulangan têngahan saha Hoofdacte cursus der Carpentier Alting Stichting ing Batawi. Rêgi f 1,25.

Mênggah isinipun anyariyosakên dhatêngipun bôngsa Indhu wontên ing tanah Jawi, ngantos bêdhahipun Majapait. Mêndhêt saking sêrat-sêratan kina, sêrat-sêratan ing sela, punapadene karangan-karangan ingkang kapacak wontên ing pintên-pintên kalawarti. Buku wau migunani kangge nyinau kawruh babad kina ingkang lêbêt-lêbêt minôngka dhêdhasar. Dados mênggahing pangudi, inggih kêdah mawi sarana gêgayutan sêrat-sêrat babad sanès, karanganipun para sagêd, kados ta karanganipun Nyonyah W. Fruin Mees, Dr. N.J. Krom tuwin sanès-sanèsipun malih. Dene ingkang baku migunakakên buku wau, para ingkang sinau ngudi Hoofdacte.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên panuwun.

--- 247 ---

Tanah dalah Tiyangipun

Udhuggudhèr ing Sêmarang

Nami-naminipun punapa kemawon ing tanah Jawi punika ingkang kathah kapirid saking warni, saking raos, utawi saking suwantên. Kados ta: arêng, amargi saking warni irêng, sêpêt, amargi saking raos sêpêt, pêksi êngkuk, amargi saking suwantên kuk-kuk, makatên sasaminipun.

[Grafik]

Mêsjid Agêng ing Sêmarang.

Sabên taun dhumawahing tanggal kaping 29 wulan Ruwah, ing kitha Sêmarang wontên karamean, ingkang kawastanan udhuggudhèr. Udhuggudhèr wau pêpiridan saking suwantênipun bêdhug ingkang dipun tabuh. Saking pangintên kula para maos tamtu botên badhe kêkilapan mênggah wanci panabuhipun bêdhug ingkang minôngka pratôndha yèn enjingipun tumapaking wulan Siyam.

Sampun limrah ing pundi kemawon suwantêning bêdhug ing wêkdal punika dados kasênênganipun lare kathah. Sampun kawêntar ing Sêmarang punika nagari agêng, kithanipun wiyar. Sabên mêgêngan, inggih ingkang kawastanan udhuggudhèr dening têtiyang ing Sêmarang, sanadyan jawahipun angêcêpèh, ewamakatên mêksa kathah lare-lare ingkang sami aningali udhuggudhèr ing masjid agêng. Tiyang sêpuhipun lare-lare wau kapêksa sami angêtêrakên awit saking botên tega. Ing satêbaning alun-alun kitha Sêmarang kêbak [kê...]

--- 248 ---

[...bak] dening tiyang sêsadean warni-warni. Kados ta: jêjajanan tuwin dêdolanan anyadhiyani lare-lare ingkang sami aningali udhuggudhèr wau.

Ing nalika kula dêdunung wontên ing kitha Sêmarang enggal-enggalan, watawis jajahan pitu likur taunan dumugi samangke. dêdolanan ingkang kasade wontên ing udhuggudheran, taksih asli dêdamêlanipun tiyang Sêmarang, inggih punika ingkang kawastanan warak-warakan, gajah-gajahan, wêdhus-wêdhusan sapanunggilanipun pêpêthan bangsaning kewan brangkang. Papan tancêpanipun mawi gledhegan, sarta ing prênah suku ngajêng dipun tancêpi sundukan tigan godhogan. Pramila ing wêkdal punika kathah lare-lare ing pakampungan sami takèn-tinakèn: Kowe dhok gone dhugdheran tuku apa, aku tuku warak ngêndhog, aku tuku gajah ngêndhog, aku tuku wêdhus ngêndhog, tuwin sanès-sanèsipun dêdolanan punapa kemawon, ingkang mawi tancêpan tigan, inggih dipun wastani ngêndhog. Wondene ingkang botên mawi tancêpan tigan, kados ta: lêmantun-lêmantunan, meja kursi meja kursinan, têmpat tidhur têmpat tidhuran, punika ugi asli dêdamêlanipun tiyang Sêmarang. Lami-lami lajêng kathah têtiyang ingkang sami andhatêngi saking sanès nagari ugi sêsadean dêdolananipun lare-lare, kados ta: wayang-wayangan, gangsingan, kêndhi-kêndhinan, celengan, saha sanès-sanèsipun ingkang asli dêdamêlanipun tiyang siti. Watawis sampun wontên sadasa taunan sapriki, ing udhuggudheran mriku botên ngêmungakên dêdolananipun lare ingkang dêdamêlanipun tiyang siti kemawon, ananging ugi kathah dêdolanan saking môncanagari warni-warni, ingkang kathah dêdolanan saking Jêpang. Sarta ing samangke botên ngêmungakên dêdolananipun lare-lare kemawon, sanadyan kabêtahanipun tiyang sêpuh inggih pêpak.

Wondene jêjajanan ugi tanpa wicalan warninipun. Wontên jajanan satunggal ingkang naminipun gèsèh kalihan wujudipun, inggih punika ingkang kawastanan sate jagung. Sate, punika dhatênga pundi kemawon sampun tamtu sarana sujèn, sarta matêngipun kabakar, manawi sate jagung botên makatên. Wujudipun kados dadar kandêl, wondene abên-abênanipun: jagung mêntah ingkang wanci kêmrakot dipun sisir, glêpung gandum, tigan, bumbunipun jintên, bawang, kêncur, rajangan slèdri, godhong brambang saha sarêm sacêkapipun dipun ublak dados satunggal. Pandamêlipun cinidhuk ing irus agêng kasuntak ing wajan ingkang sampun dipun latoni mawi ungsêng-ungsêng lisah kalêntik kapara kaduk, watawis tigang mênit kawalik, botên dangu sampun matêng. Panêdhanipun mawi cêplusan lombok bêlis, nyamlêng.

Kèk Wir.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 2735 (t. Soemarmo) dintên Rêbo kaping 10-2-32 Kajawèn botên mêdal. Mriksanana nomêr 11/12.

Lêngganan nomêr 4553 (t. R. Wirjodihardjo) 1932, Pèbruari 1932.

Lênggan nomêr 2431 (t. H. Abdullah Sirad) Kajawèn nomêr 12 punika gandhèng kalihan nomêr 11, punapa nomêr 11 inggih botên tampi. Nyuwun kabar.

Lêngganan nomêr 36 (t. Kasdoe) dhuplikat Kajawèn tanggal 6 gandhèng kalihan tanggal 10 Pèbruari sampun kakintun nalika 16/2.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- 249 ---

Kawruh Sawatawis

Masjid Agêng ing Surakarta

Sambêtipun Kajawèn nomêr 15.

[Mijil]

Pamaosnya sakalangkung ririh / datan kirang sapos / amung ulun kang amirêngake / ewadene jêng sri nata myarsi / mila sarêng tampi / dutaning sang prabu //

langkung kagyat lan ngunguning kapti / ring jêng sang akatong / ciptèng ulun punika tan sanès / agungipun mukaronah ing sir / gêng pigunanèki / siring jêng sang prabu //

sagêd sirna kang rajah tamah di / sir nugrahèng manon / awit ulun duk maos ayate / ing patekah pitung ayat mirid / kalimahirèki / wontên pitu likur //

satus kawandasa kurupnèki / ing sadaya amot / warni-warni agêng paedahe / amêpêki kawruhing sakalir / mangkya jêng sang aji / angandika rum //Kurang satu suku kata: angandika arum.

dhuh Dul Jalal sira ywa baribin / mring sadhengahing wong / iku cukup simpênana dhewe / ing samêngko sira sun lilani / mundur sing jro puri / kampira karuhun //

mring wismane kang pangulu kakim / aran Tapsir Anom / wêwartaa yèn sira samangke / ingsun abdèkake sun paringi / anggadhuh kang bumi / cacahe rong êjung //

amardika tan nganggo majêgi / Dul Jalal turnya lon / dhuh sang nata kang agung danane / sakalangkung kawula pêpundhi / tarlèn mugi-mugi / Hyang Kang Maha Agung //

aparinga nugraha ngluwihi / ing jêng sang akatong / tuwin ulun sagêda andhèrèk / ingkang dados karsa dalêm aji / nyiarkên agami / kanthining pangulu //

[Kinanthi]

Ki Dul Jalal nulya mundur / saking ing ngabyantaraji / laju dhumatêng Kauman / sowan jêng pangulu kakim / Tapsir Anom Adiningrat / pinanggih anèng pandhapi //

sêsalaman kalihipun / Ki Dul Jalal tur upêksi / yèn mangke karsèng narendra / ulun winisudha dadi / abdi pilênggah pradikan / pinaringan gadhuh siti //

Kaliyasa kalih êjung / kalêbêt padhusunnèki / kawula botên anyipta / yèn kinarsan dados abdi / awit ulun tiyang desa / tan uninga tatakrami //

pramila panyuwun ulun / mugi jêng kyai aparing / warah wuruk ing kawula / pratikêl wajibing abdi / pradikaning jêng sri nata / ingkang kawula lampahi //

kangjêng kiyai pangulu / ngandika: inggih prayogi / wajibing ngawulèng nata / boya kêni minggrang-minggring / têmên mantêp trusing nala / sêtya mituhu mring gusti //

saparentah dèn tumutur / awit wau sri bupati / môngka wêwakiling suksma / lan malih bilih marêngi / tingalan dalêm narendra / salapan dintên ping kalih //

tanapi wiyosan taun / tingalan jumênêng aji / sakatèn ngêblêng tuguran / garêbêg bakda kaping tri / sowan nunggil kalih kula / katib ngulama lan mudin //

tuwin dèn srêgêp tuwajuh / dadonga lan muji dikir / mrih wilujêng jêng sri nata / panjanging yuswa narpati / miwah ingkang pramèswara / myang putra santana abdi //

lan malih wilujêngipun / karaton tuwin nagari / saisinipun sadaya / sampun wontên kawis-kawis / lulusa atata krêta / murah sandhang murah bukti //

sêsampating kang wêwuruk / Ngabdul Jalal nyuwun amit / umantuk mring wismanira [wi...]

--- 250 ---

[...smanira] '/ yèku Kaliyasa dèsi / sawusira sêsalaman / lèngsèr lon-lonan lumaris //

parêng wahyaning mongsèku / ing wau jêng sri bupati / sêngsêm ngêmpalkên ngulama / tanapi para muslimin / sajuga wêkdal samana / jêng kyai pangulu kakim //

tinimbalan tuwan uprup / Kupman Barjan Panèwên ring / Kirkên Ginasêni Wênhan / pinanggih anèng jro loji / sasampuning têtabean / satata lênggah ing kursi //

[Grafik]

Pasareanipun Sayid Husèn bin Abu Bakar Al Idrus, ing Mêsjid luwar Batang, Batawi.

Rêsidhèn Surakartèku / dènira wacana aris / dhuh jêng pangulu narendra / sampun kagèt ing panggalih / pramila ijêngandika / kula purih dhatêng loji //

wondene wigatosipun / kula ngaturi udani / punika wontên sujalma / Ki Kasan Minhat ranèki / griya ing Kêdhu Munthilan / Purbalingga ing apdhèling //

mring kula darbe panyuwun / lumantar kônca plisinir / yun manggèn ing Surakarta / ing môngka wartosirèki / bilih Ki Minhat punika / radi anganèh-anèhi //

punapa pangulu tanggung / cobi kagaliha dhingin / bilih tan karya sumêlang / kula badhe angidini / manggèn wontên Surakarta / jêng pangulu matur aris //

dhuh paduka tuwan uprup / rèhning kula dèrèng uning / tabiyating Kasan Minhat / manawi pinujwèng galih / pun Kiyai Kasan Minhat / kula panggihi kariyin //

awacana tuwan uprup / punika langkung prayogi / sumôngga kapanggihana / wontên ing ngèmpèring loji / jêng pangulu ri saksana / Kyai Minhat dèn panggihi //

sêsalaman kalihipun / jêng pangulu ngandika ris / dhuh Kiyai Kasan Minhat / punapa sami basuki / Ki Minhat alon turira / kawula sami basuki //

jêng pangulu ngandika rum: / dhuh kyai dika ing nguni / duk maksih ngumur taruna / ngaos dados santri pundi / tanah dhusun ingkang prênah / lan sintên kang mulang ngaji //

Kyai Minhat lon umatur: / kawula matur sajati / dene duk ing nguni amba / dados santri muridnèki / Sayid Odrus luwar Batang / inggih ing kitha Batawi //

lèr kitha Intên kang dunung / Kuran ingkang ulun aji / kitab sêtin myang sapinah / tuwin pêkih sasamèki / paduka sintên kang asma / saha padalêman pundi //

--- 251 ---

jêng pangulu ngandika rum: / kula Tapsiranom nami / pangulu dalêm sang nata / ing Surakarta prajadi / griya kula ing Kauman / kaprênah salèring masjid //

punapa kyai panuju / ing griya kula boyongi / dhumatêng ing griya kula / gadhuhan paringing aji / ngiras anglêrêmkên angga / wit sayah saking lumaris //

sêsambèn aginêm kawruh / mangke kula nyuwun idin / tuwan uprup kang kuwasa / sumôngga kyai samangkin / kula irid mring ngajêngan / panggih lan uprup Kompêni //

Kyai Kasan Minhat matur: / sumôngga ulun tut wuri / nging paduka kang matura / sigra lumaksana kalih / wus prapta ngarsane tuwan / jêng pangulu matur aris //

sang paduka tuwan uprup / bilih kaparênging galih / Ki Kasan Minhat punika / ing mangke kula boyongi / dhumatêng ing griya kula / watawise tigang ari //

wondene wigatosipun / Ki Minhat yun kula tliti / tabiyating solah bawa / awon saening pakarti / jêng tuwan alon wacana: / punika langkung prayogi //

manawi Ki Minhat wau / sampun jêngandika tliti / dèn enggal lajêng rêpota / punapa wontênirèki / jêngandika lawan Minhat / samangke kula lilani //

sigra amit kalihipun / lawan têtabean sami / sêsarêngan lampahira / ing pangulon sampun prapti / anjujug madyèng pandhapa / sinugata amantêsi //

sampat tumamèng ing ngayun / sasampuning kêmbul bukti / Kyai Minhat ingaturan / mring langgar lêrêm kariyin / mangkana jêng kyai sigra / atur uningèng sang aji //

sumiwi malbèng kadhatun / wus marêk ngabyantaraji / jêng pangulu risaksana / umatur lan manganjali / dhuh dhuh gusti jêng sri nata / sowanipun ingkang abdi //

manawi acaos unjuk / ing pada dalêm sang aji / sri narendra angandika: / he kakang matura aglis / apa tingkah ananira / jêng pangulu matur aris //

dhuh dhuh gusti sang aprabu / amba nêmbe dèn timbali / tuwan uprup ingkang bapa / wondene ingkang wigati / kawula kinèn nanggunga / maring Kasan Minhat Kyai //

ing Pabelan wismanipun / tanah Purbalingga nagri / amargi tiyang punika / muslimin nganèh-anèhi / tabiyating solah bawa / kenging yèn winastan wali //

bilih kaparêng sang prabu / mugi karsa amanggihi / ing mangkya wontên wismamba / sang nata suka miyarsi / alon ingkang pangandika: / prayoga ing mêngko bêngi //

antaraning jam sapuluh / ingsun miyos anêmoni / mring Kiyai Kasan Minhat / wis kakang mundura aglis / jêng pangulu lon manêmbah / lèngsèr saking ngarsa aji //

mangkya wau sang aprabu / wanci jam sadasa ratri / miyos rawuh mring Kauman / karsa dalêm amanggihi / ring Kiyai Kasan Minhat / ing pangulon pondhoknèki //

jêng sinuhun sampun rawuh / uluk salam mring kiyai / Ki Minhat agita-gita / anjawab salaming aji / mêmuji sugênging nata / sumrambah sori myang siwi //

angandika sang aprabu / slamêt têkanira kaki / lan maninge apa sira / anuruti karsa mami / manawa sirèku dhangan / ingsun dadèkake abdi //

omah ing Gabudan kampung / papan maluwa asêpi / sakidul Gadhing kang prênah / rada mangetan sathithik / iyèku tilas pasetran / wong Budha ing nguni-uni // Badhe kasambêtan.

Pr.P.

--- 252 ---

Bab Tanêman

Jamur Kêdhêle

Ing bawah Têgal têtiyang ing padhusunan kathah ingkang sagêd nuwuhakên jamur kêdhêle. Awit saking mrika-mriki sami sagêd damêl, utawi kenging sinanjangakên limrah, pramila ing pêkên-pêkên kathah, ugi dipun idêr-idêrakên dhatêng pakampungan, utawi mawi lampah sanèsipun, ananging tamtu têlas, punika tôndha manawi dipun bêtahakên. Dene nyatanipun pancèn mikantuki. Liripun tukang damêl tampi pituwas, kurup kalihan kangelanipun. Makatên ugi tumrap ingkang tumbas, ugi sami karênan ing manah, amargi kecalan arta namung sasèn kalih sèn, pakantuk lêlawuhan ingkang miraos.

Bumbunipun jamur namung sapele, sampun sami mangrêtos, inggih punika namung brambang sarêm, lajêng dipun wungkus, kakukus sarêng adang, sampun rampung, liripun sampun dados lawuh. Kangge woworan kêlan inggih prayogi sangêt, amargi duduhipun lajêng araos kados dipun dèkèki ulam, pramila saupami wontênipun sagêd lumintu, adamêl lumayan. Cêkak bêrkahipun agêng. Amargi kenging kangge gajulipun ulam-ulaman.

Lêrês, têtêdhan kados makatên wau nama têtêdhan cara dhusun, ananging botên kenging dipun sapèlèkakên, amargi para priyantun minggahipun para luhur asring ngarsakakên, dados sajatosipun baku têtêdhan eca.

Sadèrèngipun anglajêngakên rêmbag punika, kaparênga nyêlani atur. Sabab-sabab ingkang dados botên umum, kintên-kintên têksih dèrèng mangrêtos dhatêng pandamêlipun (nuwuhakên), sagêd ugi saking sumêlanging manah manawi-manawi mawa wisa, utawi wontên sabab sanèsipun malih.

Jamur ingkang mawa wisa, ingkang kathah mawa gêlangan ing gagangipun, botên wontên gêgrêmêtan ingkang nyêlak, agêngipun purun nêdha, beda kalihan jamur barat, jangji mêkrok têmtu rinubung iing. gêgrêmêtan prêlu ngrikiti, pramila botên watawis dangu lajêng têlas, tuwin limrahipun awis-awis ingkang pakantuk, pramila ugi wontên èmpêripun manawi tuwuhipun namung sakêdhik sangêt, ananging ugi jalaran saking katlompèn, liripun sampun karumiyinan rinakasa dening gêgrêmêtan, môngka tuwuhipun botên têmtu, namung limrahipun nyarêngi kalanipun wontên jawah barat, pramila limrah winastan jamur barat. Nama wau kintên-kintên saking mulabukanipun. Prayoginipun manawi bibar jawah barat, prayogi milang-milinga ing panggenan ingkang adhakan tuwuh jamuripun barat. Ingkang sampun kasumêrêpan, limrahipun pinanggih wontên ing panggenan ingkang kathah gumuk-gumukipun rayap.

Ngèngêti atur kula ingkang sampun, bab wontênipun jamur mawa wisa, kados prêlu nguningani jamur têrik, jalaran punika katingal mawi gêlangan ugi, ananging sayêktosipun namung lêgêt tilas kudhupipun piyambak nalika taksih kuncup, dados manawi kaêmèk botên anggligir. Jamur têrik punika [pu...]

--- 253 ---

[...nika] inggih kados jamur barat, alit-alit, mêkrokipun namung saarta benggolan, ananging ngrêmpoyok kathah, sapanggenan sagêd pakantuk sacêthing kêbak, punika ingkang kula manah prêlu, liripun sampun ngantos kêcelik, awit kalêbêt kapitunèn.

Mirid dêdongenganing para sêpuh, tuwuhipun jamur têrik wau saking têlèkipun pêksi têrik. Sami dipun yêktosi, ing panggenan ingkang nginggilipun tilas kangge kalangan pêksi wau, akiripun tuwuh jamuripun. Dados pangaran-aran jamur têrik wau ugi mirid saking kawontênan ingkang kacariyos, amargi panggagasipun nalika kalangan wau sami nêlèk, kilap nyatanipun, ananging pangiyasipun laras, ewasamantên sampun gupuh-gupuh ngantêpi, margi kiyas punika namung enthan-enthan, dados kathah botên mantukipun dhatêng nalar.

Dene pêksi têrik punika, kintên kula golonganipun pêksi sagantên, dunungipun botên têtêp, tansah pindhah-pindhah, ananging mangsanipun boyong wontên ing badhe dhumawahipun môngsa rêndhêng. Pramila bab punika, jangji kathah pêksi têrik midêr-midêr kêkalangan, tiyang kathah sami mungêl badhe wontên jawah. Cêkak dados têngaraning môngsa badhe labuh (rêndhêng). Kawontênan punika saèstunipun limrah.

Wasana nglajêngakên rêmbag, pandamêlipun (nuwuhakên) jamur kêdhêle, punika pasang rakitipun namung kados dolanan. Ingkang prêlu kêdah anggêmèni ramyang (witing) kêdhêle, awit punika ingkang sanyata ing têmbe badhe tuwuh jamuripun. Ingkang sae (enggal dados) ramyang ingkang taksih ijêm, sampun têmtu ingkang sampun dipun gêdhigi kêdhêlenipun, punika kaumbruk-umbruk. Ingkang kula sumêrêpi kêdah damêl jugangan, lêbêtipun 3 kaki, dene wiyaripun botên mastani, saya wiyar, atêgês ngangkah kathah pikangsalipun jamur. Papanipun kêdah milih ingkang ayom, amargi para maos têmtu sami mangrêtos manawi tuwuhing jamur saking bosokaning kêkajêngan. Sabab saking punika murih cukating padamêlan 2 dintên sapisan kêdah kasiram ingkang ngantos kopoh-kopoh. Ing mulabukanipun kawawa ngêdalakên daya bêntèr, ngantos katingal ngukus kumêlun. Ing wêkdal punika katingal lodhoh tuwin sasirêpipun mêdal pêthak-pêthakipun, inggih punika bibit sampun badhe tuwuh, hawanipun mambêt tape, pramila nyatanipun ramyang wau nape. Ing sawatawis dintên êngkas sampun katingal pating prênthol sasêkar-sêkar mlathi ingkang têksih kudhup, punika eca-ecanipun jamur, pramila tumuntêna kapêndhêtan, inggih punika ingkang badhe kiyat kabêkta dhatêng pêkên-pêkên, botên gampil risakipun.

Namung samantên atur kula, kirang langkungipun namung paringa aksama dhatêng:

Sumadi (Pangarasan)

--- 254 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS

TANAH NGRIKI.

Badhe nunggilakên pangêcapan. Wontên wartos, pangêcapan Muslimin Indonesia ingkang ngêdalakên sêrat kabar Mustika, badhe kadadosakên satunggal kalihan pangêcapan Merapi ing Ngayogya tuwin Van de Orde ing Surakarta.

Mugi nêtêpana bêbasan: "Rukun agawe santosa", sampun ngantos dados "Crah agawe bubrah".

Kapal pêrang Jêpan badhe labuh ing Tanjungpriok. Benjing tanggal 8 dumugi tanggal 10 April ing Tanjungpriok badhe kadhatêngan kapal pêrang Jêpan nama Iwate tuwin Asama, dipun tindhihi dening Viceadmiraal Shinjiro Immamura.

Dhatêngipun kapal pêrang kêkalih wau, kawigatosanipun punapa, botên kasumêrêpan, nanging mirid ingkang sampun-sampun inggih namung têgês palancongan.

Arta wragad pindhahan. Directeur pangrèh praja sampun amaringi palilah ngangge arta f 20.000, prêlu kangge mragadi paboyonganipun têtiyang siti saking tanah Jawi dhatêng Lampung.

Ingriki botên lêpat wêdaling ucap: sèwu nuwun, dahat kalingga murda, mugi dadosa... Yak lajêng kados dhalang.

Têtulung sasamining gêsang. Pakêmpalan wanita Ngaisiah ing Bandawasa, kanthi pambiyantunipun padvinder H.W. tuwin sanès-sanèsipun, sampun sagêd anglêmpakakên barang sêmbêt lami saking sih kadarmanipun para ambêg asih ing Bandawasa. Barang-barang wau wontên 3 pêthi agêng, lajêng kakintunakên dhatêng para angguran ing Bajulmati (Banyuwangi), lumantar hoofdcomite ing Surabaya.

Makatên ingkang nama tindak daya-dinayan, ingkang kecalan botên ngrêsula, ingkang tumandang ing damêl kanthi suka lêgawaning manah, dene ingkang tampi rumaos kapitulungan. Punika nama nêtêpi wajibing ngagêsang. Sintên ingkang kaparêng nindakakên makatên malih!

Pulisi rajakaya. Kawartosakên, ing Ngayogya dipun wontênakên pangayoman rajakaya bangsa Eropah. Prêlu kangge anjagi kawilujênganipun sato kewan, kewan ingkang manggih pasiksan, upaminipun kapal dipun pisakit ing kusiripun. Tumindaking pulisi wau kêncêng.

Sadaya umat punika wajib angsal pangayoman. Sabotên-botênipun para kusir têmtu lajêng kêndhak. Nanging mugi sampun ngantos wontên tindak kalintu, upami wontên kusir anggêbagi kapal, sampun lajêng dipun gêbag dening ingkang ambêg wêlas dhatêng kewan gêntos, punika lajêng nama wêlas dhatêng kewan nanging botên wêlas dhatêng sasami.

Pasulayan ing Simelungun (Sumatra Wetan). Paprentahan mandhiri ing Simelungan botên nayogyani dhatêng tindakipun Rijnsche Zending ing bab anggèning migunakakên wulangan ngangge basa Batak-Toba wontên ing sêkolahan. Mênggah katranganipun, wulangan ingriku ngangge basa Malayu, namung waosanipun basa Batak ngangge Batak-Toba, amargi ing laladan ngriku kathah ingkang bangsa Batak-Toba. Ing sapunika paprentahan mandhiri nindakakên sêsorah ajêngipun basa Batak Simelungun, saha tumrap laladan ingkang angsal pambiyantu arta saking paprentahan mandhiri, dipun damêlakên buku-buku basa Batak Simelungun piyambak, waragad saking paprentahan mandhiri.

Têmtunipun trêsna dhatêng basa punika ugi gandhèng kalihan raos kabangsan.

Usul ngèndêli punggawa pagantosan. Wontên pawartos, inspecteur pagantosan ing Ngayogya ngaturakên usul dhatêng ingkang wajib angèndêli kanthi wachtgeld punggawa pagantosan ing bawahipun cacah 44, inggih punika ing Banyumas 17, Ngayogya 18, Madiun 4, Surakarta 3 tuwin Kêdu 2.

Pawartos makatên punika botên wontên sakecanipun. Nanging sarèhning nama sawêg pawartos, mugi sêdya wau sinandèkna dening Pangeran.

[Grafik]

R.M. Sutarja ingkang sampun tilar donya. Kados ingkang sampun kawartosakên, ing bab anggènipun R.M. Sutarja tiwas jalaran saking nglampahakên mêsin mabur, mênggh têrangipun R.M. Sutarja punika putranipun suwargi R.M.T. Sumodarmojo, Bupati Karanganyar, Mangkunêgaran, Surakarta, buyut K.G.P.A.A. Mangkunêgara III, wêdalan Mulo. Salêbêtipun sinau tumut ipe R. Ir. Gunung Iskandar ing Bogor. R.M. Sutarja pancèn gadhah dhêdhasar rêmên dhatêng mêsin-mêsin lan sadaya wau dipun antêpi, ngantos sagêd damêl pirantos radio, ingkang sapriki dipun wasiyatakên dhatêng waris. Salajêngipun R.M. Sutarja lajêng sinau nglampahakên mêsin mabur, kasagêdanipun inggih linangkung, wusana lajêng manggih tiwas punika.

Botên langkung pinuji mugi rohipun ingkang sampun wurmèng ing kasidan tinampia wontên ngarsaning Pangeran, lan tabêt tilas kalangkunganipun sagêda numusi dhatêng bangsanipun ing wingking.

Wangsul saking Digul. Kapal Reiger saking Ambon, ingkang mbêkta têtiyang wangsulan saking Digul, cacah 40, sampun dumugi ing Surabaya, sadaya sami asli saking Jawi Têngah, saha sampun kawangsulakên dhatêng nagarinipun piyambak-piyambak.

Punika ugi sami dados golonganing isinipun jaman malèsèt, kalêbêt ing perangan têtiyang angguran, pinuji sagêda manggih panggêsangan.

Dr. Suparwi. Dr. Suparwi, Gouvernements Veearts, ingkang sampun dumugi ngriki saking nagari Walandi, katêtêpakên dados Gouvernements Veearts, Provincie Jawi Têngah.

Tumrap panjênêngan Tuwan Suparwi, kados para maos sampun botên kêkilapan bab lêlampahanipun wontên ing nagari Walandi, inggih punika anggèning manggih kasusahan kasedan garwa putra, malah layonipun garwa putra wau sami dipun bêkta mriki. Pinuji mugi panjênênganipun Dr. Suparwi anggènipun ngasta pakaryan enggal punika dadosa panglipuring panggalih.

Lurik wêdalan Bèji, Klathèn laris. Kala malêman ing Klathèn padhasaran lurik wêdalan Bèji, ingkang dipun tindakakên dening Tuwan Siswosudarso kêpala dhusun Pogung, ingkang kêgolong ahli lurik, pêpajênganipun majêng, angsal f 650.-.

Tumrap ing bawah Surakarta, lurik wêdalan Bèji, karanipun lurik Masaran, pancèn misuwur. Mila mèmpêr manawi sagêd majêng.

--- 255 ---

Dêrma f 10.000.-. Satungiling bangsa Tionghoa sugih ing Labuan (Bantên) dêrma dhatêng Roode Kruis Tionghoa kathahipun f 10.000.-

Nrêsnani dhatêng nagarinipun ingkang mawi tandha saksi kados makatên punika, lajêng katingal ingakathah. Mangga sintên ingkang badhe nelad.

Nyuwak pajêg siti. Miturut pawartos, Kabupatèn Ngayogya nindakakên suwaking pajêg siti ing taun 1930, gunggung f 2.300. Anggènipun nyuwak wau jalaran saking awoning mangsa, tuwin jalaran tiyang tani namung nanêm palawija.

Manawi kapetang, arta f 2.300 punika tumrapipun nagari nama botên sapintêna. Nanging tumraping kawula ingkang sami kalêpatakên ing pajêg, gênging panuwunipun têmtu tanpa upami. Yèn ta kawêdala: "O, mugi parentah lêstantuna kaparêng amênggalih dhatêng rêkaosipun kawulanipun lan kula ngucap sukur, dene parentah nguningani dhatêng rêkaosing anggèn kula mbayar pajêg."

Neutrale H.I.S. Kêtandhan Klathèn. Ing Kêtandhan punika satunggiling panggenan ingkang kenging dipun wastani dhusun, ewadene ajênging pangajaran katingal sangêt. Kala ing taun 1931 ngriku wontên bikakan Neutrale H.I.S. saking ada-adanipun pakêmpalan tiyang siti, pinanggihipun majêng. Ing sapunika wontên ada-adanipun pangrèh, pangarsanipun R.M.B. Dirjosubroto, wiwit benjing tanggal 1 Juli 1932 badhe ngandhapakên bayaran, kajawi punika benjing Juli badhe ambikak schakelschool.

Ada-adanipun pakêmpalan wau pantês angsal pangalêmbana, dene sagêd anuju dhatêng kabêtahaning tiyang kathah ingkang gêgayutan kalihan jaman malèsèt, tur têtêp anggèning nindakakên tatanan.

Ing laladan Banjaran, Bandung kêkirangan têdha. Ing Banjaran, Bandung, ing sapunika tuwuh kêkirangan têdha, wontên têtiyang 18 griya sami botên sagêd nêdha sêkul.

O, mugi tumuntên wontên pitulungan, angluwari ingkang sami kêluwèn wau.

Kamajênganing pakêmpalan Budi Wanita ing Sêmarang. Wontên pawartos, pakêmpalan Budi Wanita ambudidaya adêging Frobelschool, prêlu anjagi dadosa lêlintu icaling voorklas ing H.I.S. Badhe kabikak benjing wulan Juli ngajêng punika.

Ada-adanipun Budi Wanita wau, pantês angsal pangalêmbana, jangkêpipun pamuji, mugi-mugi lare saking pamulangan wau sagêd gampil angsal margi malêbêt dhatêng pamulangan candhakipun.

Kamajêngan ingkang nglêgakakên. Tuwan Sukirman, asli saking Malang, wêdalan Kweekschool ing blitar. Tuwan wau dhêdhasar rêmên anggambar. Ing sakawit botên wontên pawartos punapa-punapa, ing sapunika Tuwan Sukirman wangsul saking Jerman, sampun kenging dipun wastani tukang gambar pinunjul. Dene mula bukanipun, tuwan wau kabêkta dening Prof. bangsa Jerman, dipun ajak lêlintonan kawruh, tuwan Prof. sinau basa Malayu, gêntos dipun wulang anggambar, amargi Tuwan Sukirman wau kasumêrêpan sagêd anggambar. Sapunika Tuwan Sukirman wontên ing Bêtawi, badhe sawatawis wulan, amargi wontên student-student ingkang sami sinau anggambar.

Punapa punika sanès kamajênganing tiyang siti? Mangga sintên malih.

Akal enggal. Punggawa pabean ing Tanjungpriok mêntas andênangi batu api pêtêng ingkang kalêbêtakên sarana patrap salingkuh. Barang wau kadèkèk wontên sangandhaping tadhah rêrêgêd sêngkêran pêksi kênari, ingkang isi pêksi, asli saking Hongkong. Sadaya wontên 10 sêngkêran, sabên sasêngkêran isi 1/2 kilo. Ingkang gadhah sêngkêran wau mantrus-mantrus, sadaya sami kasêrêg ing prakawis.

Akalipun tiyang badhe nglêbêtakên barang pêtêng punika wontên-wontên kemawon, ewadene ingkang wajib inggih tansah andênangi. Punika ugi nama satunggiling kamajênganing ngakal budi.

Rêgining lisah klêntik mindhak. Wontên pawartos, rêgining lisah klêntik ing Bêtawi ingkang rumiyin f 0.25 mindhak dados f 0.85.

Pawartos punika manawi nyata, kintên-kintên sagêd angindhakakên rêgining klapa, ingkang sapunika prasasat tanpa rêgi. Nanging manawi ingkang mindhak wau namung rêgining lisah, sami botên mikantuki dhatêng sadayanipun, têgêsipun tiyang kitha rêkaos, tiyang dhusun botên manggih kamayaran. Dados mayaripun namung pinanggih ing para among dagang.

Ngingar-ingêr têmbung sirikan. Wontên pawartos, B. en W. Gemeente ing Sêmarang badhe ngewahi têmbung "Inlander" ingkang kawrat ing sêrat-sêrat, kasantunan "Inheemsche". Ingriku lajêng wontên usul, supados dipun santuni Indonesier, nanging botên katampèn.

Dados sadaya punika kêdah botên tilar êmpan papan tuwin angèn kala mangsa.

ASIA.

Panêmpuh ing Syanghai. Ing sakawit jendral Jêpang Uyeda kintun sêrat dhatêng parentah Tiongkok, supados wadya Tiongkok angundurakên barisanipun 20 km, dipun sukani inah salêbêtipun sadintên, Tiongkok mangsuli, purun mundur, nanging Jêpan inggih supados ngundur samantên têbihipun.

Wusana Jêpan botên mangsuli, lajêng nêmpuh yêktosan, Tiongkok nanggulangi.

EROPA.

[Grafik]

Êmas ingkang badhe dipun kintunakên dhatêng Inggris. Êmas punika barang pêlikan ingkang kathah rêginipun, inginggil punika gambar mas pintên-pintên atus pêthi, ingkang badhe dipun kintunakên saking kitha Tilburg dhatêng London, regi f 40.000.000.-

--- 256 ---

Waosan

Dongèng ingkang kaping Tiga

Drêsthadyumna

27

[Sinom]

tumuli dhawuh andhudhah / janma sayuk nambut kardi / baya wus pinasthi mangkya / dhawahing pitulung Widhi / samana anyarêngi / kalawan pandhudhahipun / mangguh pêndhêman êmas / kang datan kêni winilis / têmah mawèh sukanira sri narendra //

miwah wontên kang amanggya / pêlikan têmbaga sari / anèng têpining bangawan / Wêligôngga kang linuwih / wontên malih amanggih / pêlikan nèng têpi dhusun / sêsotya warna-warna / kadi sinêbar ing siti / miwah guwa kèbêkan isi salaka //

miwah têpining samodra / kèbêkan mutyara adi / malah wontên kang amanggya / sêsotya agêng linuwih / ngambang anèng jaladri / kang gêngira sabaluluk / cacahira sakawan / kang ajinira ngluwihi / lamak nata lôngka kang andarbènana //

sanggyaning êmas sêsotya / wus katur mring sri bupati / sri nata kalangkung suka / ngrasa kalamun samangkin / kaparêng nata yêkti / sambada sadayanipun / wusana winiwitan / sri nata ayasa candhi / sarêng sayuk gumrêgut tanpa kuciwa //

dene duk pandamêlira / saking kaparêng narpati / pandhêmènira rineka / dhinudhukan satus kaki / dhêdhasar dèn urugi / sela-sela kongsi pênuh / nulya dèn idak-idak / èsthi kathah wira-wiri / têmah wradin madhêt kalangkung santosa //

duk pangidak-idakira / suku binuntêl ing kulit / dadya dènnya ngidak-idak / madhêt datan nguciwani / lan malih dèn dhasari / sêmèn banon tosan campur / salaka murni pêthak / mung minôngka nyaranani / mrih santosa adêging candhi utama //

ing wuri pinangguhira / nyata santosaning candhi / datan ana kang amadha / sanadyan orêg kang bumi / kang candhi datan rêmpit / atêtêp ing adêgipun / kongsi laluning jaman / tan môntra-môntra katitik / lamun iku kang candhi yêyasan kuna //

sawusira paripurna / pandhêmèn tan nguciwani / nulya amangun pahargyan / agungira angluwihi / janma sapraja kêrig / prapta mring pahargyan agung / awit sri nara nata / samana rawuh murwani / paring tôndha dhêdhasar prênah ing tupa //

sri nata kaparêng ngasta / sanggyanira kang piranti / ukuran myang kompasira / kang sarwa salaka murni / wusing pinangguh titi / myang prênahira tan luput / nata nulya angasta / banon tinrapkên sakawit / kang kaprênah dhêdhasar ing sisih wetan //

sawusing nata angasta / tinut ing pra agung nuli / lumintu para punggawa / kongsi prapta ing wadya lit / samya anut ing gusti / nulya sarêng ginarubyug / sadaya kang tumandang / kongsi paripurna ramping / dadosira sarwa sae tan kuciwa //

rampunging karya punika / nulya sinambêt murwani / pamasangira kang tupa / ingkang sakalangkung luwih / inggilira winilis / saking ing têtajugipun / dwi atus pitung dasa / ingukur petungan kaki / yèn sinawang yayah sundhul ing akasa //

nadyan tan kirang kang bôndha / saking paringing dewadi / nanging kang para kawula / tan owah sêtyaning ati / mêksa rila nêrusi / dènira nêdya ambantu / yasaning ratunira / kang tumrap marang nagari / myang ngluhurkên tataning agamanira //

dene pambiyantunira / pinangguh mawarni-warni / wontên asok bôndha beya / myang têdha ing sabên ari / kang ngrasa tan kuwawi / amung ambiyantu bau / sanadyan datan mingsra / wantuning makêthi-kêthi / klêmpakira katon nyêkapi ing karya //

ananira duk samana / langkung arja rina wêngi / margi salêbêting kitha / janma lumaku anggili / nadyan papan kang sêpi / ingambah janma lumaku / myang janma ing padesan / samya umanjing nagari / sêdyanira samya ambiyantu karya //

sadaya sapraptanira / datan sarana pinardi / nulya ngrahabi tumandang / sanadyan kang para èstri / kang nyata bau ringkih / paripaksa anut grubyug / nadyan mung sakawasa / trapira ambanyu mili / datan ana andhêging pakaryanira //

ratri tanapi raina / dènira anambut kardi / nanging tan pisan rinasa / awit dènira nindaki / amung kadi lumaris / dening ing wuri kêsundhul / janma kang samya prapta / tata kang mangkana yêkti / dadya tôndha sêtyaning para kawula //

marma wusing paripurna / janggêrêngira kang candhi / datan pisan môntra-môntra / lamun yasanirèng janmi / dening ngêgèt-êgèti / pantês yasan sèwu taun / mirit sing anggungira / nanging nyatanira ugi / paripurna amung sawatara warsa //

nulya kaparênging nata / ngrêrêngga sajroning candhi / kang sarwa êmas sêsotya / wontên gêdhong kang linuwih / kang kaèbêkan isi / barang kuna-kuna punjul / jro gêdhong tinanêman / wit waringin langkung adi / kang kèbêkan rinêngga êmas sêsotya //

godhonging ringin winarna / rinêngga sêsotya luwih / gêbyaring sêsorotira / tan pae lintang ing langit / lamun katêmpuh angin / nèng pandulu kongsi gumyur / kongsi tan katon beda / kalaning rina myang wêngi / amung padhang dening sunaring sêsotya //

oyod mirah marakata / araras urubing agni / dene dêlêging witira / wontên ing jumêrut bumi / sangandhaping wit ringin / tinrapan dhampar mas murub / ing ngriku linênggahan / rêca Sang Budha linuwih / ingkang dadya pêpundhèning wong sapraja //

yèku kang arca kancana / tinon kalangkung rêspati / kubênging gambar rinêngga / gêgambaran warni-warni / sarwa gambar dewadi / sinêling wit-witan pênuh / mawa sêkar sêsotya / kang gumêbyar anêlahi / myang rinêngga malih liya-liyanira // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]