Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-03, #1647

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1932, #1647
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-01, #1647. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1470.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-02, #1647. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1471.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-03, #1647. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1472.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-04, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1473.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-05, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1474.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-06, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1475.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-07, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1476.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-08, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1477.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-09, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1478.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-10, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1479.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-11, #1647. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1480.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-12, #1647. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1481.

Ôngka 19, 26 Sawal Je 1862, Marêt5 Marêt. 1932, Taun VII.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [289] ---

Ôngka 19, 26 Sawal Je 1862, 5 Marêt 1932. Taun VII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Tatwawara

Pêthikan saking Sêrat Wulangrèh

Anggitan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana IV, ing Surakarta

[Pangkur]

kang sêkar pangkur winarna / lêlabuhan kang kanggo wong aurip / ala lan bêcik puniku / prayoga kawruhana / adat waton puniku dipun kadulu / miwah ta ing tatakrama / dèn kaèsthi siyang ratri //

dêduga lawan prayoga / myang watara rêringa aywa lali / iku parabot satuhu / tan kêna tininggala / tangi lungguh angadêg tuwin lumaku / angucap mênêng anendra / duga-duga aja kari //

muwah ing sabarang karya / ing prakara gêdhe kalawan cilik / papat iku datan kantun / kanggo sadina-dina / lan ing wêngi nagara miwah ing dhusun / kabèh kang padha ambêgan / papat iku ora kari //

kalamun ana manungsa / anyinggahi dugi lawan prayogi / iku watêke tan patut / awor lawan wong kathah / wong diksura daludur tan wruh ing êdur / aja sira pêdhak-pêdhak / nora wurung nêniwasi // Taksih wontên sambêtipun.

--- 290 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab reclasseering

VI.

Garèng : Truk, Truk, kowe kuwi pancèn wong sêmbrantên dhur-dhuran, nalikane dina Rêbo jêbul mak plênde ora nêtêpi jangjimu anggone arêp têka nyang omahku. Ing môngka kala samono anggonku sadhiya kanggo nyuguhi kowe, nganti aku bêstèl panganan warna-warna nyang Smabêrês, yaiku: grontol, thiwul, hawug-hawug, lan isih ana manèh tunggale. Tujune aku doyan, dadi masane kowe têka nyang omahku, wis tak icipi kabèh nganti ludhês, ajaa rak kapiran-kapirun.

[Grafik]

Petruk : Hêm, kiyi modhèl anyadhiyani cara ngêndi bae, ana masane dhayoh mèh têka, sadhiyane ora wis ditata bêcik, jêbul malah wis labas kabèh. Karo manèh nèk rèsturan Smabêrês kuwi, iya ora yèn sadhiya panganan bangsane: grontol, hawug-hawug barang kuwi. Apês ambalêbês sing disadhiyakake ing kono kuwi iya, panganan sing jênêngane nganggo: cas cus cis kae. Dadi panganan sing saka nikmat lan gandême rasane, nganti nèk wis nyang cangkêm wis ora prêlu dimamah manèh, nanging bisa dhangsah-dhangsah nang ilat sarta bisa bludhusan dhewe nyang tênggorokan nganti têkan wudêl barang.

Garèng : Wayah, nèk ngomong kuwi bok aja clewa-clewo mêngkono, ana pêpanganan kok diarani bisa langsir nyang wudêl, kuwi rak ora mêkakat jênêngane. Ora, Truk, saiki padha ambanjurake rêmbugane ing ngarêp. Lagi anu kowe jangji nyang aku arêp ngandharake carane hakim anggone nibakake ukuman janggêlan nyang sawijining pasakitan, lo, kuwi kêpriye, mara têrangna sing nganti gamblang.

Petruk : Sadurunge aku ngandharake bab kuwi, luwih bêcik aku tak carita dhisik ing bab wong sing bisa ditibani ukuman janggêlan, yaiku tumrap kadurjanan utawa palanggaran, artikêl 492, 504, 505, 506, lan 336. Tumrap kadurjanan, janggêlane mau ditêtêpake suwe-suwene 3 taun, tumrap palanggaran 2 taun.

--- 291 ---

Garèng : Truk, Truk, kowe ngobralake pirang-pirang artikêl mau, aku kok banjur kèlingan nalikane aku ethok-ethok dadi kyaèn-kyaèn. Kuwi anggêr ana wong takon apa-apa nyang aku, wis mêsthi tak wangsuli mangkene: ayat anu, jus anu kuwi ngandikakake mangkene: Te - ih, dziinumah kambi ghulah batuh, nikmati. Lo, kuwi sanadyan sabênêre atêgês: tèh diinum kambi gula batu rasane nikmat, nanging tak têmtokake yèn wong sing pitakon mau ora ngrêti nyang isining Koran, hla, kuwi anggêre pamacaku tak pasèh-pasèhake kaya wong ngaji kae, tak maknakna kêpriye bae, wong mau bisane iya mung ngandêl lan manthuk-manthuk bae. Tur sajak gumun...

Petruk : We, hla, cilaka ane, ana ngaya-aya anggonku nyinau wèt, kathik mung dianggêp ngawur bae. Lo, sabênêre rak mêngkono, ta karêpmu, anggone banjur nyaritakake nalikane dadi kyaèn-kyaèn barang kuwi mau. Nèk durung cêtha utawa ora wêruh mungguh isine artikêl-artikêl mau, bok iya takon bae, aja kok banjur nyêmoni mêngkono.

Garèng : Lo, aja dadi atimu, ta Truk, ora kok aku ora ngandêl nyang kapintêranamu wèt, wong aku kiyi biyèn wis tau kapusan, mulane anggêr krungu bangsaning artikêl-artikêl kuwi aku iya banjur prayitna bangêt. Hara pikirên bae, ta Truk, aku dhèk biyèn wis tau kênang prakara jalaran nunggak bayar sewan omah nganti ganêp sêlosin sasi. Ing sarèhning aku kiyi rada cotho ing bab cara-caraning pangadilan, aku banjur takon nyang wong sing tak anggêp pintêr ing bab kuwi, mungguh palanggaran apa lan kapriye paukumane wong sing kênang prakara mangkono mau. Wong sing tak takoni mau sanalika amangsuli, yèn aku mau kasalahan jalaran palanggaran artikêl anu, ukumane apês ambalêbês samene wulan. Wah, Truk, kala samono atiku lap-lapan bangêt. Suwe-suwe barêng tak prêlokake nonton bukune wèt, artikêl sing anu mau lan paukuman sing dikandhakake, jêbul tumrap... wong ambêdhog pitik.

Petruk : Wayah, kuwi karêpe rak mung arêp mêmêdèni kowe bae. Mara, saiki tak andharake kang kanthi cêkakan bae mungguh unining artikêl-artikêl sing tak kandhakake ing ngarêp. Artikêl 492 kuwi ngrêmbug ing bab uwong sing mabuk (mêndêm) ana ing panggonan umum utawa ana ing sadalan-dalan, utawa ngrusak katêntrêman utawa ngancam kaslamêtane wong liya, utawa bangsane mêngkono kuwi. Wong sing kasalahan kaya iku, kêna diukum lawas-lawase 6 dina, utawa didhêndha gêdhe-gêdhene 25 rupiyah.

Garèng : Wadhuh, Truk, kapintêranamu nyang prakara wèt kathik prasasat kaya mèstêr... pokrul bambu pêtung. Saiki caritakna sing kasbut ing artikêl 504.

Petruk : Artikêl 504 nyêbutake paukuman sing bisa ditibakake nyang wong kang ngêmis nyang ngarêpe wong akèh...

Garèng : Lo, hla kok lagi krungu kiyi,

--- 292 ---

yèn wong ngêmis kuwi kêna lan bisa diukum, sing kaya ngono iku apa ora jênêng: siya-siya aliyas sawiyah-sawiyah. Anggone gêlêm anglakoni ngêmis kuwi rak jalaran saka kamlaratane, ora kayadene kowe yèn anggawa kitar mubêng-mubêng sabên têrang bulan têrang dhi kali kae. Dadi anggone ngêmis mau ora kanggo sênêng-sênêng, nanging jalaran saka kapèpète anggone arêp golèk isining wadhuke, masa iya wong mêngkono kêna diukum.

Petruk : Pancèn iya mangkono, wong ngêmis kuwi nèk dirêpotake, pancèn ana ukumane. Awit 1e ing tanah kene rak ing ngêndi-êndi wis dianani omah miskin, sing kanggo mulasara wong-wong sing pancèn ora bisa olèh pangan, nanging ing kono wong-wong mau sathithik-sathithik iya kudu diwènèhi pagawean. Hara, ingatase ana ing kono mau mangane dicukupi, turu iya bisa kapenak, cêkake dipulasara têmênan, dumèhane dikon nyambut gawe sawatara, ora gêlêm, nanging dilampu ngêmis bae. Apa kiyi ora nelakake kêsède bae. Kajaba iku rak mung gawe susah wong akèh bae. Upamane lagi nêmoni dhayoh ana ing pêndhapa, kapêksa kudu mlêbu ngomah anjukuk dhuwit, sabab ana wong rêngêng-rêngêng: Kula nuwun, paring-paring..., hara, apa ora nyênêb-nyênêbi bae. Wis, wis, samene bae dhisik.

Ing sarangan

[Grafik]

Ing nginggil punika salah satunggiling panggenan ing parêdèn, ingkang hawanipun sae, inggih punika ing Sarangan, kabupatèn Magêtan, Madiun.

--- 293 ---

Raos Jawi

Raos Trêsna

Ingkang pinanggih ing sêrat-sêrat kina, umumipun têtiyang alit punika sami sêtya tuhu dhatêng lêlurah, pangagêng, minggahipun malih dhatêng ratu. Awit saking wontênipun tindak ingkang kados makatên punika, pinanggihipun wontên ing sawangan, tiyang alit kalihan pangagêng punika têbih, nanging nyatanipun wontên ing raos, malah pinanggih nunggil. Jalaran saking wontênipun raos ingkang kados makatên punika, kawontênanipun praja pinanggih tata têntrêm.

Nanging sarèhning raos punika raosing tiyang, tamtu kemawon ugi wontên kalamangsanipun ewah gingsir, raos ingkang rumiyin isi trêsna, lajêng ngosokwangsul dados botên, dene mênggahing nalar tamtu wontên sabab-sababipun.

Ing bab andharaning raos ingkang kados makatên wau kados botên prêlu kaandharakên panjang-panjang, cêkap angèngêti dhatêng cêcariyosan kina ingkang kawrat ing sêrat-sêrat. Dene manawi dêdongengan, sagêd miritakên cêcariyosanipun para nata Jawi, wontên nata ingkang sakalangkung dipun trêsnani ing kawula, tur kawulanipun wau botên nate panggih-pinanggih, ingkang nunggil namung raosing katrêsnanipun. Kosokwangsulipun nata ingkang botên dipun trêsnani ing kawula kados kala jamanipun nagari Kartasura kados ingkang mêntas kacariyosakên ing Kajawèn, wêkasanipun adamêl karisakaning praja.

Kawontênan sadaya wau upami wujud, satunggal-satunggalipun cêtha ingkang andadosakên sabab. Upaminipun nata dipun sêtyani ing para kawula, punika ingkang pinanggih ing cêcariyosan, ing kalaning gusti ratunipun miyos pêpara, kawulanipun sami rêrêbatan badhe sumêrêp, dene manawi kalampahan sumêrêp, rumaos manggih kanugrahan linangkung.

Malah lêlampahan kados makatên punika, tumrapipun wontên ing tanah Eropah ngungkuli ing tanah ngriki, têtiyang ingkang sêtya ing ratu, ing kalanipun ratunipun wau miyos pêpara, rantaping têtiyang ingkang ningali ngantos ewon, andadosakên pajagènipun ingkang wajib. Dene tumrapipun praja ingkang tanpa ratu, inggih ngaji-aji dhatêng pangagêngipun, dados mênggahing wosipun, ingkang dipun aji-aji punika pangagêng utawi tiyang ingkang misuwur.

Mênggahing imbang-imbanganipun tumrap cêcariyosan, yèn ing tanah ngriki, para linangkung punika limrah dipun alap barkahipun, kados ta wontên sawênèhipun tiyang linangkung ngambah papan ingkang awis dipun ambah ing tiyang, ing papan ngriku lajêng dipun anggêp papan suci, kathah têtiyang ingkang sami ngalap barkah. Saupami wontên wowohan ingkang nate dipun dhahar ing ratu, punika wit ingkang ngêdalakên uwoh wau lajêng dipun pêpêtri, sintên ingkang sagêd nêdha wowohan ingkang tunggil uwit wau, rumaos manggih kanugrahan. Makatên malih ing bab lorodan dhêdhaharan, punika manawi lorodaning [loro...]

--- 294 ---

[...daning] ratu, inggih dados rêrêbatan, malah wontên ingkang dipun anggêp kados jimat.

Cêcariyosan makatên wau tamtunipun dipun anggêp anèh, nanging nyatanipun sanadyan ing Eropah inggih botên beda. Kados ta sang linangkung Bismarêk ing praja Jêrman, punika ing kalanipun nuju tindakan, tansah dipun ulat-ulatakên ing tiyang kathah. Ing mangke samôngsa kèndêl wontên ing papan pakèndêlan utawi ing pajajanan, samôngsa ngunjuk inuman, têtiyang ingkang ngêtutakên wau ngangkah pados dami tilasing brongsong gêndul, prêlunipun badhe dipun anam kangge topi. Samôngsa kalampahan dados, topi wau awis rêginipun, ngantos sagêd pajêng dasanan, atusan rupiyah. Samantên kamulyanipun tiyang ingkang manggih pangaji-aji.

[Grafik]

Tiyang ingkang sampun angsal piandêling akathah, punika pancèn nama manggih kamulyan, saya malih tumraping para luhur minggahipun dumugi nata, tamtu saya linangkung.

Kados ta ing bab pangeran pati Inggris, mênggahing nalar asmanipun sampun umum sangêt, ewadene ing kalanipun miyos, wontênipun tiyang ingkang ningali ing margi, inggih ajêg kathah kemawon, ngantos dados pajagèning pulisi, dene mênggah wos-wosipun, inggih namung badhe ngatingalakên sih trêsna.

Kawontênan ingkang kacêtha ing gambar, para maos sagêd manggalih piyambak mênggah sêmuning para têtiyang ingkang ningali, sami katingal sumèh, malah sanadyan pulisi ingkang anjagi tata têntrêm, sanadyan rosa panduwanipun amrih munduripun ingkang sami ningali, nanging pasêmonipun sumèh kemawon.

Samantên gambaraning raos trêsna.

--- 295 ---

Kawruh Sawatawis

Desa Mawa Cara, Nagara Mawa Tata

Sambêtipun Kajawèn nomêr 18.

Kados ingkang sampun kacariyosakên ing Kajawèn kapêngkêr, tatacara punika sok pinanggih nyalênèh, utawi sok nyulayani dhatêng tata ingkang dipun wastani sae, awit tata ingkang sampun kalimrah wau malah dados têtingalan utawi pangalêman, kadosdene ing bab ngrampok sima, punika ngantos ngicalakên raos ingkang nama niksa dhatêng sato kewan. Môngka mênggahing raos pangeman wau tuwuhipun pinanggih saking kilenan, ewadene tumrap ing tanah Sêpanyol, ngantos sapriki taksih wontên cara ingkang raosipun niksa kewan, nanging cara wau sarèhning gêgayutan kalihan pasamuan kabangsan, inggih taksih lêstantun tumindak, mênggah tatacaranipun makatên.

Ing praja Sêpanyol punika wontên pasamuan ngabên lêmbu galak kalihan tiyang, pangêbênipun wontên ing papan ingkang sampun kasadhiyakakên kangge papan kados makatên. Ing kalanipun abên kados makatên punika dipun tingali ing tiyang kathah, malah dalah para luhur inggih sami mriksani. Limrahipun sataun katindakakên kaping kalih.

Ing nginggil sampun kacariyosakên, bilih lêmbu galak, kajêngipun dipun pilihakên lêmbu ingkang agêng, saras tuwin mitayani, singatipun mingis-mingis, yèn Jawia kenging dipun wastani banthèng, dene ingkang ngayoni lêmbu wau tiyang pêpilihan, ingkang dipun wastani matadhor.

[Grafik]

Caraning ambeda lêmbu ing papan karamean, ing praja Sêpanyol.

Ing sakawit lêmbu wau kawêdalakên dhatêng ing papan wiyar, nanging kalanipun mêdal wau dèrèng tuwuh kanêpsonipun, nanging sampun kêbitik manawi galak. Lêmbu sasampunipun wontên ing kalangan, lajêng dipun beda dening tiyang angangkah murih lêmbu wau dados gambira, patrapipun sarana ngatingalakên sinjang abrit [a...]

--- 296 ---

[...brit] kajèrèng wontên sangajênging lêmbu. Sarèhning lêmbu punika kêdunungan watak gambira manawi sumêrêp wêwarnèn abrit, sarêng sumêrêp wêwarnèn wau nyaruduk purun, saupami ingkang dipun saruduk wau kenging, tamtu dumugi ing tiwas, nanging tiyang ingkang nindakakên wau prigêl, samôngsa lêmbu sampun cêlak, lajêng dipun endhani, panyruduging lêmbu tuna-dungkap. Mangke lajêng dipun bêbedhung makatên malih, ngantos lêmbu wau dados nêpsu yêktos, ambêkos-bêkos nêdya ngamuk. Manawi lêmbu wau sampun kados makatên, tiyang ingkang ambeda lajêng kesah, gêntos wontên matadhor dhatêng ingkang badhe nanggulangi pangamuking lêmbu, dhatêngipun numpak kapal kanthi ambêkta dêdamêl waos, lajêng nanggulangi pangamuking lêmbu kanthi ngolahahkên kaprigêlanipun, katingal botên kewran amêngsah lêmbu ingkang kados makatên punika, dangu-dangu lêmbu wau sagêd tiwas dening tansah dipun waosi.

Ramening surak ing kala punika bêbasan ngantos kados ngrêbahakên langit, saya nalika matadhor wau sagêd angasorakên lêmbu, suraking tiyang rame sangêt, saha matadhor wau angsal pangalêmbana kanthi tôndha têtêngêr kasudiranipun, sinêbut dados lêlanang praja.

Matadhor ingkang angsal pangalêmbana makatên punika ugi tampi ganjaran arta ngantos ewon, malah ugi sagêd narik kadrajatanipun, limrah dados sêkar lathining para wanita.

Kosokwangsulipun matadhor ingkang manggih apês, ugi botên kirang, malah amanggih pati siya, amargi dipun undha dening lêmbu ngantos rojah-rajèh, inggih sintên ingkang kuwawi nanggulangi pangamuking lêmbu ingkang kados makatên, samôngsa talompe tamtu tiwas. Makatên ugi pun kapal tumpakan, adhakan kenging dipun sundhang ing lêmbu ngantos dumugi ing tiwas.

Manawi dipun manah-manah, tindak kados makatên punika pinanggih sairib kemawon kalihan bab ngrampog sima, kaot ing ngriku ngatingalakên ngalelaning kapurunanipun para matadhor, nanging mênggahing nalar, atêgês ingkang dipun êbên wau malah kewan kalihan tiyang, mila tumrapipun tiyang ingkang manggih unggul, lajêng misuwur namanipun.

Bab tatacara ingkang kados makatên punika, tumrapipun cêcariyosan Jawi, sairib kados kala jaman karaton Dêmak. Kala samantên para prajurit nata ingkang nama tamtama, kêrêp dipun êbên kalihan maesa, malah tumrap pandadaring para tiyang ingkang badhe malêbêt dados tamtama, kêdah nêmpiling maesa ingkang pêjah kapisanan, tur rêmuk sirahipun. Tindak kados makatên punika tamtunipun inggih botên mayar-mayaran. Nanging ingkang pinanggih ing cêcariyosan, inggih kathah ingkang sagêd ngrampungi.

Mirit cêcariyosan Jawi, tindak kados makatên wau namung badhe ngatingalakên kaprawiran, kados ta ing bab nêmpiling lêmbu sagêd rêmuk sirahipun.

Dados mênggahing pangintên ingkang gathuk kalihan nalaripun, sadaya wau lajêngipun namung ngatingalakên ing bab kêkêndêlaning manah utawi kaprigêlaning tandang, ing ngriku ingkang sagêd anjunjung kamisuwuraning nama.

Dene wosing cariyos, namung mratelakakên kajênging bêbasan: desa mawa cara, nagara mawa tata.

--- 297 ---

Kagunan Jawi

Panêmbramanipun pakêmpalan pahargyan kampung Kêmlayan, ing tingalan dalêm jumênêngan têtêp kawandasa taun, mawi pêpèngêt iyasa gêndhing kêkalih, satunggal pelok pathêt barang, winastan ladrang Sri Biwadha, satunggalipun salendro pathêt manyura, winastan labrangladrang. Diwadhamulya.Biwadhamulya. Kintunan saking Radèn Ngabèi Prajasusastra, ing Kêmlayan, Surakarta.

[Grafik]

Nut ladrang Sri Biwadha.

Ladrang Sri Biwadha

[Kinanthi]

1. Arsambêk sotaning kalbu / lir kasmalantuk usadi / de gusti jêng sang iswara / duk Rêspati Wage ari / dwiwlas Ramêlan Je warsa / paksa ngraras sarira ji //Sengkalan: paksa ngraras sarira ji (Kêmis Wage, 12 Ramêlan 1862 A.D., Kamis, 21 Januari 1932 A.D.).

2. têtêp kawandasa taun / jumênêng dalêm narpati / ngasta pusaraning praja / prasidya niring pawèsthi / binicekabiniseka. ring pahargyan / astha ri myang astha ratri //

3. duk wiyos dalêm sang prabu / ing bangsal manguntur tangkil / jêng tuwan pramodèng praja / mêdhar karsèng nata dèwi / atur sêbutaning nata / Si Nêprustê Lêkêuh it //

4. myang bintang grutkris linuhung / Nèdêrlansên leyo yêkti / tanapi mitra narendra / ing Dhinêmarkên narpati / misungsung bintang karajan / grut opsir Dhanêbroh adi //

5. sanggya sèsining praja gung / samya sêsanti arjanti / dening wiwit nuswa Jawa / wontên panjênêngan aji / awis kang lir sri narendra / madêg catur dasa warsi //

Ladrang Biwadhamulya

[Grafik]

Ladrang Biwadhamulya.

6. pantês pinèngêt dumunung / karas kancana ingukir [i...]

--- 298 ---

[...ngukir] '/ pinêtri môngka sriyatna / kang mangkana anjalari / kawulendra ing Kêmlayan / myang sanèse katêtangi //

7. iyêging tyas sabiyantu / sêdya tur pamudyastuti / winoring pangabiwadha / sunggata lan langên gêndhing / srana wuryaning parasdya / sumungku suka mêmuji.

8. kasugêngan dalêm prabu / linulus nèng ujwalati / dirganing yuswa widada / awèt ngrênggani praja di / Surakarta Adiningrat / têlênging karaton Jawi //

9. pinudya-pudya mawantu / santosa miwah luhuring / karaton dalêm minulya / tumrahing trah wuri-wuri / run-tumurun tan kasêlan / môngka pêpakuning bumi //

10. titi wêdharing pudyayu / malêming Radite ari / kawolu windu Sancaya / tumanggaping Julungwangi / kaping nêm Sawal Je warsa / saya kontap madyèng bumi //§ Gambar tuwin cêcariyosanipun, botên kapacak, amargi kamanah sampun cêkap kados ingkang kawrat ing Kajawèn pahargyan nata. Ngriki namung kapêndhêt ing bab kawruhipun gêndhing. Red.

[Grafik]

Ing sisih punika gambaripun konggrès Islam saindênging donya, wontên ing Baitul Mukadis (Yèrusalèm), dipun dhatêngi para wêwakil Islam saking môncanagari. Ing konggrès ngriku tiyangipun kirang langkung 20.000.

--- 299 ---

Sayêmbara Adamêl Gambaran ing Tapih

VOLKSALMANAK 1933.

Volksalmanak Malayu, Jawi tuwin Sundha 1933 badhe dipun santuni gambaring tapihipun. Sintên kemawon para ingkang maos pawartos punika, ingkang sagêd anggambar, kaparênga nglêbêti sayêmbara adamêl gambar enggal kangge tapihing Volksalmanak wau.

Mênggah tatananipun:

I. Volksalmanak Malayu, Jawi tuwin Sundha, sadaya tamtu sampun botên kêkilapan dhatêng kawontênanipun. Dene ing bab prayogining gambar botên katêtêpakên, namung kasumarahakên dhatêng kaparêngipun ingkang sami badhe nglêbêti sayêmbara. Janji gambar wau cêtha ungêl-ungêlanipun: Volksalmanak, taunipun tuwin Balai Pustaka - Batavia-Centrum. Ing sangandhaping ungêl-ungêlan Volksalmanak kêdah dipun dèkèki godhagan kangge ngisèni ungêl-ungêlan Melayu, Jawi utawi Sunda. Amargi Volksalmanak tiga wau namung badhe ngangge gambar sawarni kemawon.

II. Ukuraning gambar tapih Volksalmanak wau tamtunipun ugi sampun dipun uningani ing akathah, inggih punika 9.5 X 12.5 cm. Sayêmbara punika ukuranipun supados kadamêl mirib kalihan ukuranipun wau saha alit-alitipun kadamêla tikêl kaping kalih kalihan bakunipun.

III. Kathah-kathahipun badhe kadamêl ulês kalih warni.

IV. Bale Pustaka nyadhiyani ganjaran tigang warni, inggih punika ganjaran pangajêng arta f 50.- ganjaran nomêr kalih f 25.- tuwin ganjaran nomêr tiganipun f 10.-

V. Gambar ingkang tampi ganjaran dados melikipun Bale Pustaka, saha Bale Pustaka wênang migunakakên saprêlunipun.

VI. Gambar wau akir-akiripun sagêda katampèn ing Bale Pustaka, Batawi Sèntrêm wontên ing tanggal 1 Mèi 1932. Ing gambar wau sampun mawi kasêratan cêtha namanipun ingkang anggambar, namung kacirènana samaran kemawon utawi pasêmon. Dene ngalamatipun ingkang kintun kadamêla piyambak, kalêbêtna ing amplop, dipun pati tuwin dipun lak. Ing amplop wau dipun sêratana ciri samaran, ungêl-ungêlan utawi pasêmon ingkang mirib kalihan ingkang dipun trapakên wontên ing gambar. Amplop wau kakintuna sarêng kalihan gambaripun.

VII. Kasèp-kasèpipun ing tanggal 1 Juni 1932, pikantuking sayêmbaran wau badhe kagiyarakên dening Bale Pustaka.

VIII. Pamilihing gambar ingkang katampèn, badhe katindakakên dening juru pamilih (jury), ingkang dipun angkat dening up amtênar Bale Pustaka. Karampunganing juru pamilih wau têtêp botên kenging ewah.

IX. Katrangan ingkang langkung cêtha, manawi kamanah prêlu, kenging pitakèn dhatêng Bale Pustaka.

Bale Pustaka.

Batawi Sèntrêm.

--- 300 ---

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

Tondak-tandukipun bangsa Tionghoa lan bangsa Jawi.

Ing sêrat-sêrat kabar dèrèng dangu punika sami ngêwrat pawartos, bilih ing Pêkalongan bangsa Tionghoa sêsarêngan kalihan bangsa têtiyang Jawi mêntas adamêl parêpatan, ingkang sêdyanipun badhe ambiyantu arta tuwin barang-barang sanèsipun dhatêng Tiongkok, ingkang samangke sawêg pancakara kalihan praja Jêpang. Pêpuntoning rêmbag ingriku bangsa Tionghoa sarujuk badhe ambiyantu sakadaripun dhatêng tanah lêluhuripun. Dene têtiyang Jawi ingkang sami tumut anjênêngi parêpatan wau, sanadyan salêrêsipun botên gêgayutan babar pisan kalihan nagari Tiongkok, ewasamantên ugi anyagahi sami badhe tumut ngrencangi sasagêd-sagêdipun.

Manawi nitik kawontênan ingkang mêntas kalampahan, tumrap tiyang ingkang kirang panjang pamanggihipun, têmtu sami gumun saha judhêg anggènipun sami ngraosakên, jalaran bangsa Tionghoa kalihan bangsa Jawi ing Pêkalongan ingriku dèrèng dangu punika mêntas garêjêgan, ingkang ngantos katingal ragi yêktosan. Lah punapa sababipun têka lajêng gampil sangêt anggènipun sagêd wawuh, tur lajêng katingal supêkêt sangêt anggènipun badhe sami bantu-binantu dhatêng kasusahaning salah satunggalipun.

Nanging manawi pamawasipun wau kalayan dipun wigatosakên saèstu, tindak makatên punika kados botên nama anèh sangêt. Awit kauningana, kados-kados sampun dados jamak limrahipun, bilih têtiyang punika, manawi gêsang lan kawontênanipun nunggil sêsangkulan, ingkang anjalari satunggal lan satunggalipun botên prêlu kêdah sami irèn, punika sok gampil dadosipun rukun. Kados ta upaminipun: bangsanipun priyantun ing pagantosan, punika inggih langkung gampil rukunipun kalihan golonganipun piyambak tinimbang golongan sanès, awit sadaya ingkang nunggil golongan, punika inggih têmtu nunggil sêsangkulanipun. Makatên ugi bangsa Tionghoa ing Indonesia ngriki kalihan bangsa Jawi, punika kajawi nunggil sêsangkulan, punapa-punapanipun sampun mèh sami kemawon. Namung wontên bedanipun sakêdhik sangêt, inggih punika bab wêwênang anggadhahi siti. Wontênipun tiyang Jawi dipun paringi wêwênang anggadhahi siti amargi tiyang sitinipun.

Amila ing sarèhning sadaya-sadayanipun kados ingkang kasêbut inginggil, tumrap bangsa kêkalih wau sampun prasasat dipun sami kemawon, wusananipun satunggal lan satunggalipun inggih lajêng botên irèn utawi botên rêbat unggul, têgêsipun: bangsa Tionghoa inggih botên ngrumaosi langkung inggil drajatipun tinimbang tiyang Jawi, makatên ugi kosokwangsulipun. Jalaran saking punika ing sarèhning bangsa kêkalih wau ing salami-laminipun anggèning sami nandhang bot-repoting gêsang saha kawontênanipun namung nunggil misah kemawon, amila grêngsênging gêsangipun inggih gampil kêmpalipun. Langkung malih bangsa Tionghoa ingkang sampun sami wontên ing tanah Jawi prasasat purun ngrasuk babar pisan dhatêng sadaya kawontênan Jawi, kados ta: bab tatacara lan sapiturutipun.

Tumrap para maos kados sampun sami ngalami piyambak mênggah karukunanipun bangsa Tionghoa dhatêng têtiyang Jawi. Limrahipun dipun ajak rêrukunan punapa kemawon, têmtu botên nate selak, nanging tansah anglêgani dhatêng pangajaking tiyang. Kados ta: dipun ajak ngawontênakên pasar malêm utawi fancyfair, para Tionghoa kajawi urun arta lan barang sanès-sanèsipun, ugi purun urun tênaga sakiyatipun. Malah dipun ajak kêndurèn, inggih purun linggih anggêdhêpês kanthi botên kasupèn anggènipun tumut amin-amin. Dalasan dipun ulêmi tayuban kemawon, inggih botên purun kawon anggènipun tansah nglètèr anêdhani parikan "gunungsari" utawi "grompol thèk". Langkung malih manawi sampun purun tombok dhatêng waranggananipun, dhasar bangsa Tionghoa punika umumipun pancèn langkung ului (artanipun langkung kathah) katimbang bangsa Jawi, katingalipun inggih mêsthi brêgas lan prawira. Kados botên prêlu ngandharakên ingkang langkung panjang ing bab tuladan-tuladan mênggahing karukunanipun bangsa Tionghoa kalihan bangsa Jawi. Cêkak aos ingriki kenging kacariyosakên bilih bangsa Tionghoa punika wiwit rumiyin mila purun dipun ajak gêsang sêsarêngan, miturut punapa ombyaking tanah Jawi. Ingkang makatên punika botên sanès inggih jalaran saking anggènipun sami nunggil sêsangkulan wau. Dene kadhangkala sok wontên bêngkrikipun, punika kados sampun limrah, sawêg tiyang bêbojoan kemawon, ingkang gêsangipun kenging dipun paribasakakên kadosdene mimi lan mintuna, inggih taksih sok wontên congkrahipun. Dados manawi bangsa Tionghoa taksih lêstantun dipun samèkakên dêrajatipun kalihan bangsa Jawi kados samangke punika, kintên-kintên rukunipun inggih sagêd tansah lumintu. Nanging saupami lajêng wontên ada-ada enggal, ingkang anjalari salah satunggal dipun samèkakên kalihan Walandi upaminipun, saha lajêng sagêd mêthènthèng sabab ngrumaosi langkung inggil drajatipun katimbang sanèsipun wau, kintên kula lampahing karukunan inggih kapêksa botên sagêd lêstantun.

--- 301 ---

Ing sarèhning karukunanipun bangsa Tionghoa lab bangsa Jawi sampun samantên kandêlipun, dados kintên-kintên ada-adanipun para student Tionghoa asli saking tanah Indonesia ingkang sami wontên ing nagari Walandi anggèning adamêl pakêmpalan enggal ingkang dipun wastani "Sarekat Peranakan Tionghoa Indonesia" saya badhe ngrukunakên gêsang tuwin kawontênanipun golongan kêkalih wau. Awit ing sêrat idêranipun wontên ingkang mungêl kirang langkung makatên:

Sagêdipun kasêmbadan punapa ingkang dados gêgayuhanipun namung kêdah asarana grêngsênging kêkiyatanipun pribadi mêdal margi sociaal tuwin politiek.

[Grafik]

Pamoring bangsa warni-warni nalika badhe tumindak darma kasêngsaran ing Sumatra.

Tumrap budidaya murih saening gêsang tuwin kawontênanipun, namung kêdah sêsarêngan nyambut damêl kalihan bangsa Indonesia, sarta ugi kêdah arêrencang murih kacêpênging panggayuhipun.

Sarekat Peranakan Tionghoa Indonesia kajawi anggatosakên kabêtahanipun para Tionghoa ingkang sami dêdunung ing Indonesia, ugi gadhah niyat tumuju dhatêng kamardikaning tanah Indonesia. Makatên malih inggih tumrap kamardikaning bangsanipun piyambak ingkang sami dêdunung wontên ingriki, minangka dados têtiyang praja.

Nitik isining sêrat idêran inginggil, ingkang namung kacêkak kemawon, ingriki lajêng nuwuhakên gagasan, manawi ancasing pakêmpalan enggal wau sagêd dipun rujuki dening bangsa Tionghoa ingkang sami dêdunung wontên ing tanah ngriki, kintên-kintên sayêktos karukunanipun bangsa kêkalih wau badhe saya kandêl. Awit ingkang makatên punika botên ngêmungakên lajêng badhe nglêstantunakên karukunan ing gêsang sêsrawunganipun kemawon, nanging têtiyang Jawi lajêng sagêd pitados tuwin sagêd anjagèkakên, manawi ing têmbe wontên bot repotipun, ingkang tuwuhipun saking gêgayuhan suci, bangsa Tionghoa sampun têmtu botên badhe ngucira.

Sayêktosipun makatên bangsa Tionghoa punika pancènipun samangke sampun sagêd ngatingalakên karukunan utawi supêkêting manahipun dhatêng bangsa Jawi. Kados sampun kasumêrêpan bilih bangsa Jawi samangke sawêg bibrik-bibrik andandosi kaeconomianipun, ingkang anjalari ing pundi-pundi dipun wontênakên pakêmpalan cooperatie warni-warni. Dados saupami bangsa Tionghoa wau gadhah niyat sumêdya ambiyantu sadayanipun dhatêng têtiyang Jawi, sampun lajêng ngalang-alangi punapadene niyat mêjahi dhatêng pakêmpalan-pakêmpalan cooperatie, ingkang sawêg kênduk-kênduk badhe tumindak punika. Awit manawi botên makatên, ing sarèhning taksih moglak-maglik sangêt, têmtu kemawon saupami nêdya dipun paeka inggih botên sagêd widada. Nanging ingriki kula pitados, bilih bangsa Tionghoa ingkang sampun turun maturun nêdha asiling tanah Indonesia, têmtu botên mêntala gadhah pikiran utawi niyat ingkang samantên wau.

Ewasamantên awrat-awratipun tiyang gêsang rêbat panggêsangan, punika sok lajêng nyupèkakên dhatêng karukunan, dhatêng sadherekan, cêkakipun nyupèkakên dhatêng sêdyanipun.

Kadosdene trajang utawi sipatipun para Walandi pranakan, ingkang samangke sawêg ambudidaya sagêdipun angsal wêwênang anggadhahi siti wontên ing tanah ngriki. Sajatosipun para Walandi pranakan ambudidaya makatên, kados inggih sampun samêsthinipun, jalaran ingkang kathah-kathah turun maturun gêsang saha dêdunung wontên ing tanah ngriki. Dados inggih botên anèh manawi anggadhahana, budidaya ingkang makatên. Nanging umumipun têtiyang

--- 302 ---

siti botên rujuk sangêt, bilih bangsa Walandi pranakan dipun paringi wêwênang anggadhahi siti kadosdene kula sadaya. Mênggah ingkang dados alêsanipun têtiyang wau sami botên angrujuki punika kenging dipun wastani: enak enuk nêmu kêthuk, têgêsipun ingatasing gêsangipun turun maturun gêsang wontên ing tanah ngriki, têka wêwênang saha drajatipun dipun samèkakên kalihan Walandi tus. Dene panêdhanipun bangsa Jawi wau, manawi para Walandi pranakan punika purun ambucal wêwênangipun Walandi saha lajêng purun dados bangsa kula, punika tiyang Jawi inggih rila kemawon bangsa pranakan Walandi wau tumut angsal wêwênang anggadhahi siti.

Panêdhanipun bangsa Jawi ingkang makatên punika, kados inggih wontên lêrêsipun. Amung kemawon drajatipun tiyang Jawi botên lajêng mindhak utawi minggah, nanging ajêg kemawon. Dados saupami sadèrèngipun bangsa Walandi pranakan angsal wêwênang anggadhahi siti, tiyang Jawi namung dipun sêbut: Pak Krama, sasampunipun bangsa Walandi pranakan gadhah wêwênang anggadhahi siti, tiyang wau inggih taksih dipun sêbut: Pak Krama kemawon. Dados tumrap bangsa Jawi: sama saja.

Amila mênggahing kula, saupami kaparênga ngajêngakên panuwun makatên, kados-kados langkung utami, bilih bangsa Walandi pranakan ingkang sami nêdha wêwênang andarbèni siti wau dipun sarujuki, janji wêwênangipun bangsa Jawi tumrap samudayanipun lajêng dipun samèkakên kalihan bangsa Walandi pranakan. Dados Walandi pranakan wêwah wêwênangipun, bangsa Jawi sadaya inggih wêwah wêwênangipun, ingkang anjalari minggah drajatipun, prêlunipun lajêng sagêd asêsarêngan gêsang utawi nyambut damêl kangge ngajêngakên bangsa lan nusa.

Manawi sampun sagêd kalêksanan makatên, salajêngipun inggih botên ngêmungakên para tuwan-tuwan tuwin para bêndara, sanadyan kula kemawon inggih sampun têmtu lajêng angsal sêsêbutan MENEER PÊNTHUL.

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS

TANAH NGRIKI.

Rêrigên ananggulangi sêsakit pès. Ing kawêdanan Cimahi mêntas kawontênakên pêpênggihaningpêpanggihaning. ngakathah, angrêmbag sêrigênrêrigên. ananggulangi sêsakit pès, wosipun ngudi ing bab karêsikan.

Ingkang pinanggih ing nagari-nagari ingkang nindakakên rêrigên kados makatên, kados ta meme bantal, rêrêsik griya sapanunggilanipun, ing nalika enggalan têtiyang sami ngrumaosi awrat, awit tansah wontên papriksan, malah wontên ingkang dipun sêrêg dening juru panitipriksa. Nanging sarêng sampun kulina malah rumaos bilih tindakipun wau sae. Iba saya manawi tindak rêrêsik wau tuwuh saking kajêngipun piyambak. Lan saya prayogi malih manawi tumindaking pambudidayanipun ingkang wajib kanthi kasabaran.

Pajêg têtingalan. Jalaran saking nuju jaman kados makatên, gemeente Bêtawi ngintên manawi angsal-angsalaning pajêg têtingalan ing taun 1931 namung f 270.000.-. Nanging nyatanipun angsal f 281.322.75, dados malah mindhak.

Têmtunipun angsal-angsalan samantên wau lajêng kenging kangge titikan, bilih têtiyangipun taksih sênêng-sênêng. Nanging ugi dèrèng kenging kangge pathokan, sagêd ugi anggènipun ningali namung prêlu kangge nglêlipur manah, tinimbang mèwèk-mèwèk wontên griya.

Anduwa panganggenipun basa Acèh ing pamulangan. Ing Kotaraja wontên comite ingkang nêdya anduwa badhe tumindaking basa Acèh kangge basa baku wontên ing pamulangan, malah sampun ngaturi telegram dhatêng raad kawula.

Beda-bedaning pamanggih punika pinanggih kados makatên. Sawênèh bangsa rêmên angugêmi basanipun piyambak, wontên ingkang botên, nêdha supados ngangge basa umum, inggih punika Mlayu. Nanging sadaya wau têmtunipun sampun sami anggadhahi wêwaton piyambak-piyambak.

Griya yatim Muslimin. Griya ingkang nama "Rumah Piatu Muslimin" ing Bêtawi sampun mirantos, ing wulan punika badhe dipun umumakên. Griya wau madêgipun saking ada-adanipun Sarekat Isteri Jacatra, ingkang dipun sêpuhi Nyonyah S.I. Gunawan.

Punika satunggiling kamajêngan wanita.

Rêgining lisah klêntik. Kajawèn mêntas martosakên ing bab indhaking rêrêgèn lisah klêntik. Ing sapunika wontên pawartos bilih lisah wau kabêtahakên dening tanah ngamanca. Samantên punika sawêg pangintên-intên.

Bab indhaking rêrêgèn lisah klêntik sampun nyata, namung rêgining klapa taksih mirah. Pinuji mugi sadhèrèk padhusunan tumuntêna sagêd ngraosakên indhaking rêrêgèn klapa.

Pangeranpati ing Dèli gêrah. Watawis sampun saminggu, Têngku Otteman, Pangeranpati ing Dèli gêrah ragi rêkaos. Kawartosakên gêrahipun wau mutah rah, sampun dipun garap doktêr, wontên antawisipun mayar.

Sampun dados padatan bangsa luhur punika manawi gêrah dados rêraosanipun ngakathah, saya tumrap ing Pangeranpati Nata, wontênipun ing pamanahan Jawi saya kawigatosakên.

Bêna ing Purwadadi. Sampun sawatawis dintên ing Purwadadi tuwin laladanipun ingkang sitinipun andhap sami kêbênan. Griya-griya tuwin alun-alun sami kêlêban toya. Margi-margi kathah ingkang botên kenging dipun langkungi têtumpakan.

Pasitèn laladan Purwadadi dumugi Dêmak, punika mèh sabên taun bêna, angêlêbi pasabinan, mangka tumrapipun Dêmak kapetang pasitèn ingkang kathah pawêdalipun pantun. Nanging jalaran saking kêrêpipun bêbaya toya wau, inggih kêrêp kêkirangan pamêdal. Pinuji, mugi bêna punika botên andadosakên sabab punapa-punapa.

--- 303 ---

Muhammadiyah ing Bêtawi badhe bikak sêkolahan Mulo. Wiwit wulan Juli ngajêng punika, pakêmpalan Muhammadiyah ing Bêtawi badhe bikak pamulangan Mulo. Wiwit saking voorklas, samangsa sampun dumugi klas 2 badhe ngawontênakên timbangan, punapa Mulo wau kangge dhêdhasaring wulangan A.M.S. utawi H.I.K. utawi Mulo golongan B. A. badhe manut kêkajênganing murid. Kajawi punika ugi adamêl pondhokan murid. Dene ing bab wulangan agami Islam têtêp katindakakên

Bikaking pamulangan punika amêwahi dados pancadanipun para ingkang nêdya majêng.

Nêdha bayaran overwerk. Para letter-zetter ing kantor pangêcapan guprêmèn mêntas sami sowan dhatêng pangagêngipun, prêlu gadhah atur, supados manawi nyambut damêl langkung saking wanci dipun paringi bayaran overwerk. Pangagênging kantor pangêcapan wau badhe lapur dhatêng directeur pangupajiwa praja.

Dados tiyang punika wajib gadhah petang, malah bab punika sagêd nêtêpakên kajênging bêbasan Walandi "wayah iku dhuwit".

Ir. Soekarno wontên ing Malang. Ir. Soekarno mêntas pakêmpalan wontên ing Malang, manggèn ing gêdhong bioskup, têtiyang ingkang dhatêng kirang langkung wontên 1000, golongan wanita ugi kathah. Ingkang sami mêdhar sabda Nyonyah Suhardi, bab swadhèsi, Nyonyah Sukasi, ing bab kawanitan, tuwin Ir. Soekarno bab manunggil.

Ingriki katingal bilih para wanita botên nêdya kantun anggènipun angantêpakên tekad. Tamtunipun saya marêm malih, bilih ing kala punika nunggil kalihan sawung patohan.

Pasar Gambir. Sanadyan nuju mangsa kados makatên, pasar Gambir ing Bêtawi taun 1932 têtêp kawontênan. Bikakipun wiwit tanggal 26 Augustus, tutupipun wontên tanggal 7 Sèptèmbêr.

Taksih danguning badhe wontênipun pasar Gambir, nocogi kados raos ngêlanguting jaman malèsèt, namung kaot pasar Gambir mawi ancêr-ancêr titimangsa, balik malèsètipun dèrèng kenging dipun kintên. Inggih namung kasumanggakakên.

Wohing cobèn-cobèn. Pangagêng pakaryan sêpur sampun nindakakên cobèn-cobèn anglampahakên sêpur awrat saking Banjar dhatêng Cicalêngka kanthi alampah rikat. Cobèn-cobèn punika gêgayutan kalihan tumindaking ngrikatakên lampahipun sêpur kilat, pinanggihipun botên nyaman. Kintên-kintên badhe tumindak wiwit benjing 1 Mèi.

Lampahing sêpur kilat wau pinuji sagêda manggih woh sae, kathah angsal-angsalanipun, margi kathahing angsal-angsalan, ugi atêgês majênging panggêsangan umum.

Têtiyang bucalan ing Digul ingkang nêdya miruda. Kawartosakên sampun sawatawis wulan wontên têtiyang bucalan ing Tanah Tinggi (Digul) nêdya miruda, nanging sadèrèngipun dumugi jajahan Inggris, sampun dipun cêpêng saradhadhu malih. Nalika dipun priksa apratela, anggènipun miruda punika namung nêdya pados panglipur. Salêbêtipun lêlampah ing wana nate kêluwèn sangêt, ngantos nglampahi nêdha sawêr tuwin tigan baya, wontên ingkang mamah wacucal sêpatu.

Pinanggihing lêlampahan kados makatên punika, kintên-kintên botên sanès namung jalaran saking kasupêkên manah, ingkang sajatosipun sagêd adamêl trênyuh.

Wadana pasulayan kalihan upas. Ing tanah Bantên wontên wêdana pasulayan kalihan upasipun namung prakawis rèmèh. Upas wau ngantos kasuwunakên kèndêl saking padamêlanipun. Wusana upas malês, nglapurakên dhatêng assisten-resident, bilih wadana wau nalika tampi arta êmpingan kangge tumbas auto f 1200.- namung katumbasakên f 200.- tuwin taksih wontên atur sanèsipun malih ingkang damêl awoning wadana wau. Sapunika wadana wau kapindhah.

Tiyang punika sok kasupèn, bilih badanipun piyambak punika inggih gadhah cacad. Punika kenging kangge pêpèngêt. Sampun dupèh agêng inggil

ASIA.

Jêpang nêmpuh Yangkialou. Wadya Jêpan cacah 4000 nêmpuh Yangkialou, dipun sarêngi panêmpuh saking gêgana tuwin mariyêm agêng-agêng. Wadya Tionghoa tansah manggèn wontên ing pandhêlikan, sarêng wadya Jêpan cêlak lajêng sami mêdal amapagakên, lajêng pêrang rukêt ngantos dangu. Wasana wadya Jêpan kasêsêr, atilar bangke atusan.

Ngrosani pangangsêg ugi tanpa damêl. Wadya Jêpan nêmpuh barisan Tionghoa ing Miaohangahen, dipun ayomi mêsin mabur tuwin mriyêm agêng-agêng. Campuhipun saklangkung rame, bêbantu Jêpan tansah lumintu, ewadene wadya Tionghoa taksih têtêp botên mingsêr saking panggenan.

EUROPA.

[Grafik]

Bal-balan ing Inggris. Ing Highbury (Inggris) mêntas wontên têtandhingan voetbal, cacahipun tiyang ingkang ningali ngantos 55.000, ngantos wontên ingkang klêngêr punapa, mriksanana gambar. Samantên kamajênganing bal-balan.

--- 304 ---

Wêwaosan

Dêmang Candhuk

Cariyos sêmpalan babad

Karanganipun Mukmin guru bantu pamulangan ôngka II ing Wangon Jatilawang.

2.

Bolonganing wuluh ingkang sasisih kaasta kangjêng ratu piyambak, sarta katèmpèlakên ing prêmbayun ingkang gêrah, sasisihipun cinêpêngan dening Singawinata, tinadhahan ing canthuk jêne. Sasampunipun dipun mantrani, botên dangu toya rêrêgêding prêmbayun mili mêdal bolonganing wuluh, anjog ing canthuk. Sarêng panyanthukipun sampun rambah kaping tiga, gêrahipun kangjêng ratu sagêd waluya, pulih kados wingi uni. Sang prabu sampun ngawuningani, sangêt rêna ing panggalih.

Nuju satunggiling dintên Singawinata katimbalan ing sang prabu. Sarêng sampun sowan, kadhawuhan makatên:

Singawinata, bangêt panarimaningsun sira bisa maluyakake gêrahe kangjêng ratu. Saiki sira ingsun lilani mulih, dadia dêmang ana ing desanira, sarta desanira salinana aran Canthukkuning. Sabên taun sira kudu sowan mênyang kêraton. Dene canthuk lan wuluh gadhing iki sun paringake marang sira minôngka wasiyat. Kajaba iku, layang iki aturna marang bupati Banyumas, supaya sumurupa.

Singawinata munjuk sandika sarta munjuk sèwu nuwun, lajêng kalilan mundur.

Botên kacariyos lampahipun ing margi, cêkakipun Singawinata sampun dumugi ing kabupatèn Banyumas, sarta katêtêpakên dêmang ing dhusunipun, nama: Kyai Dêmang Canthukkuning. (Dumuginipun samangke, dhusun wau dados nama Candhuk, bawah kabupatèn Purwakêrta).

Sadangunipun Singawinata dados dêmang, wana-wana sakiwa-têngênipun ngriku sami kabubak kadadosakên sabin lan patêgilan. Saya lami saya mindhak rêja, jalaran kathah tiyang ingkang sami dhatêng têtruka damêl padhêkahan, andadosakên kamulyanipun kyai dêmang. Sarêng dumugi ngajal, canthuk êmas wau ugi tumut kakubur wontên ing dhusun Ciaur, ngantos sapriki sok kangge sujarahan. Dene wuluh gadhing dados wasiyat ngantos sapriki.

Sapêjahipun Dêmang Canthukkuning, ingkang katêtêpakên anggêntosi pangkatipun, anakipun pambajêng nama Wôngsawinata (katêlah Dêmang Canthuk Kêmantrèn). Rêjaning dhusun sangsaya wêwah. Wêkdal punika nyarêngi jumênêngipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Mangkurat Agung (Mangkurat Têgalarum).

Kacariyos nalika lolosipun Kangjêng Sunan Mangkurat wau dumugi ing Ajibarang, Dêmang Canthuk Kêmantrèn amêthukakên. Sarêng sang prabu seda wontên salèr Ajibarang (samangke dhusun Siraman) piyambakipun andhèrèkakên layon ngantos dumugi ing pasarean Têgalarum.

Nalika Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom sarêmbag kalihan Bupati Têgal nêdya angrêbat karatonipun ingkang rama, dêmang wau ugi andhèrèk akanthi wadyabala ngantos dumugi ing Mataram. Sarêng Kangjêng Pangeran sampun jumênêng nata, Dêmang Canthuk Kêmantrèn sangsaya cinakêt ing ratu. Anggènipun dados dêmang katog ngantos sêpuh sangêt. Sapêjahipun Dêmang Canthuk Kêmantrèn, ingkang gumantos anakipun pambajêng, nama nunggaksêmi.

Gêntos kacariyos, nalika dahurunipun praja Surakarta, kathah para luhur ingkang sami lolos, inggih punika: Kangjêng Gusti Pangeran Mangkubumi, Radèn Mas Said, lan pangeran sanès-sanèsipun sami jumênêng kraman. Makatên ugi para bupati, tumênggung tuwin para santana, sami bingung pangidhêpipun, sawênèh wontên ingkang kesah sapurug-purug, botên kantênan ingkang jinujug.

Ing Pajang wontên satunggiling putra priyantun, nama Radèn Côndrajaya, saking ajrihipun amargi dhusun-dhusun rinisak dening kraman, lajêng nekad lolos mangilèn purugipun. Lampahipun kêlunta-lunta tansah nandhang kasrakat. Lami-lami dumugi bawah Banyumas sisih kilèn. Lajêng suwita dhatêng Kyai Dêmang Canthuk Kêmantrèn. Ing sakawit piyambakipun botên purun ngakên aslinipun. Sarêng lami-lami kyai dêmang botên pitados yèn turuning alit, amargi kêtitik saking polatan tuwin alusing bêbudèn, sarta kathah kasagêdanipun, punapa malih sagêd ambantu padamêlanipun kyai dêmang. Mila lajêng dipun takèni mênggah ing salêrêsipun. Sarêng Radèn Côndrajaya pasaja yèn taksih têrahing aluhur, kyai dêmang sangsaya wêwah sih katrêsnanipun, satêmah lajêng kapêndhêt mantu.

Sapêjahipun Dêmang Kêmantrèn II, sarèhning botên gadhah anak jalêr, ingkang anggêntosi kadêmanganipun inggih Radèn Côndrajaya wau, sarta santun nama: Dêmang Côndrapraya. Wiwit punika wêwangunaning dhusun saya mindhak sae, anggènipun nyithak pasabinan sangsaya wiyar, gêsangipun sangsaya sênêng. Ananging taksih wontên ingkang adamêl cuwaning manah, inggih punika sampun antawis lami anggènipun jêjodhoan, botên patutan. (Badhe kasambêtan)

--- 33 ---

Nomêr 9, taun III

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu.

Ambatang Cangkriman

Nuwun, Rama Sêbul, kula andhèrèk ambatang cangkriman saking sadhèrèk Sudi, murid pamulangan Magêlang, ingkang kapacak ing Taman Bocah, lampiran Kajawèn nomêr 8 taun III, mênggah pambatang kula kados ing ngandhap punika:

I. Nagari Magêlang, wanda ngajêng lan wingking dados namaning nagari Jawi Wetan, inggih punika: Ma-lang. Wanda têngah lan wingking mujudakên anggèn-anggèn, inggih punika: Gê-lang.

II. Rêdi Argapura, kalih wanda ing wêkasan têmbung kadi atêgês griya, inggih punika: pu-ra. Tigang wanda ing wêkasan namaning margi dhatêng griya wau, inggih punika: Ga-pu-ra.

III. Inggih punika pamêdal gêndhis, ngoko gula. Gula yèn kawalik pamaosipun mungêl lagu, utawi atêgês cara, dene yèn wanda ngajêng sigêg wanda wingkingipun mungêl gul, utawi dados têngêripun satunggiling dolanan ingkang dipun rêmêni tiyang salumahing bumi, inggih punika dolanan phut bal.

IV. Inggih punika kitha ing Jawi Wetan, Surabaya, ing Jawi Têngah Surakarta. Dados ingkang jagi nami pun: Karta, kewanipun baya, ingkang ningali nami pun Sura.

V. Nagari Kêdhiri, wanda ngajêng lan têngah namaning cacadipun para tiyang èstri, inggih punika kêdhi, wanda têngah lan wingking atêgês sumangkean, utawi dhiri. Wanda ngajêng lan wingking namaning raos, inggih punika kêri.

Ing wasana sumôngga dhatêng ingkang kagungan cangkriman mênggah lêrês utawi lêpatipun.

Kula ingkang ambatang, Rara Sukanmi.

Murid Kartini ing Bèitênsorêh.

Wah, wis bênêr kabèh. Kajaba iki isih akèh sing padha ambatang, kabèh iya bênêr.

Ora liwat, Bapak Sêbul, utawa nak Sudi, padha bangêt bungah. Kaya wis cukup samene bae.

Pak Sêbul.

--- 34 ---

Lêlangèn ing Banyu

Bocah-bocah mêsthine kowe wis padha wêruh utawa wis tau nglakoni langèn ana ing banyu, lan mungguh wataking bocah, prakara adus ana ing kali sapanunggalane mêsthi sênênge, malah kaya-kaya lumrah bocah iku dhêmên adus lêlangèn ana ing banyu, sanadyan dielikna wong tuwane, iya nekad bae.

[Grafik]

Pangemane wong tuwa mau satêmêne ora kok nêdya nyulayani karêpe bocah, nyatane mung saka samar, awit ora kurang bocah mati kêblabak ana ing banyu.

Ora kurang wong tuwa, lumrahe biyung, mêling mênyang anake sing isih cilik: Le, aja sok dolan nyang kali, yèn kèli, kuwi nyamari bangêt. Nanging anake mau malah mangsuli: Kapan aku wis kêrêp adus kali. Nglangi ya wis bisa.

Wangsulan kaya ngono kuwi, sanadyan surasane wis kêliwat, nanging kasamaraning biyung isih ajêg bae, kaya durung dilakoni.

Nanging mungguhing nyatane, tinêmune ana ing kawarasan, nglangi iku sawijining ulah raga kang makolèhi bangêt, mula tinêmune ana ing jaman saiki malah kanggo wulangan ulah raga.

Kowe ngrêtia bocah, karêpe, sing diarani wulangan iku kanthi panjaga, beda karo bocah langèn ana ing kali, kang tindake tanpa duga-duga.

Ing saiki kowe tak dongèngi, ing bab papan sing digawe ajar nglangi bangsaning ulah raga mau, lumrah ditindakake ana papan padusan, sapisan banyune rêsik, bêbayane ora ana. Mula ing papan padusan mau, ora kêndhat padha kanggo adus lêlangèn.

Malah tumrape ing tanah Eropah, nglangi banyu gêdhe piguna bangêt. Ing gambar iki mujudake sawijining nyonyah, nuju nyilêm ana ing sagara prêlu anjajagi jêrone, barêng ana dhasaring sagara kêtêmu anake, sakarone padha bungahe. Hayah, sajak kaya wong jalan-jalan bae.

Dadi mungguhing wosing pitutur, bocah aja tinggal pangati-ati.

--- 35 ---

Bocah kang Sênêng Gêthingan

(Aja nyêrikakê atining liyan)

Bocah watake sênêng wadan-wadanan, apa manèh yèn kabênêr jothakan, yèn pancèn bocah mangrêti wis mêsthi ora gêlêm, awit bisa dadi winihing sêsatron. Sasabar-sabare, manawa wong diwadani iya lara atine, wêtuning kanêpson kaya ditilgram bae. Sanajan tumrap wong tuwa kiraku ya padha bae. Jajal takokna Rama Sêbul wangsulane kapriye.

Ana bocah jênênge Kaija, nanging bocah kono lèhe marabi: Bodong. Sakolahe Bodong wis klas III nanging mêtu, kagawa saka bodho lan kêsède. Ora duwe unggah-ungguh, nganggo sênêng mêmadani. Dadi kancane akèh kang padha sêrik. Mung angêgulake kasugihane wong tuwane. Ana kancane tunggal desa jênênge Tarmidi, iku sakolahe wis klas VI.

Anuju libur Kaija anggolèki Tarmidi, karo kancane akèh, calathune Kaija marang Giran: Kowe rak libur ta, Ran, ayo adus mênyang kêdhung, Ran, nanging anggolèki Lelur dhisik. Mula Kaija ngarani Tarmidi Lelur, awit Tarmidi iku pawakane lêncir. Satêkaning ngarêpane omahe Tarmidi Kaija Calathu: Wis ta Ran undangên, aku tak ngêntèni kene.

Giran: ...Kula nuwun. Mas Tarmidi punapa wontên pak.

Bapake Tarmidi: Lo, kok kadingarèn le, esuk-esuk wis anggolèki Tarmidi, kae lo isih umbah-umbah, undangên dhewe, ta.

Giran: Inggih... Mas Di, kowe kok srêgêp têmên, kok umbah-umbah dhewe.

Tarmidi: Iya mumpung ana panas. Aku ya ora srêgêp, nanging salawase manawa umbah-umbah ora tau kongkon wong tuwa. Kowe arêp mênyang ngêndi, ta, dhik.

Giran: Iya mung marani kowe, diajak Kaija adus mênyang kêdhung.

Tarmidi: Iya, ta, nanging êntènana, tak ngrampungake dhisik, lan karbèn rada awan sathithik, dadi mêngko bisa sêgêr.

Barêng wis rampung, Giran nuli pamitan bapake Tarmidi.

Bapake Tarmidi: Iya padha dolana, nanging aja padha tukaran. Iki lo, Tar, aku duwe benggol siji, ênggonên tuku ès, lan nyuwuna sêga ibumu kanggo sangu.

Tarmidi: Kowe apa ya sangu sêga, ta, dhik.

Giran: Anggawa, dak tinggal ana ngarêpan.

Sawise rampung olèhe tata-tata, nuli padha budhal, kanthi bungah atine, saya Si Kaija sangune rong ece benggol kabèh pijêr dipamèr-pamèrake, andadèkake ewane sing padha nyawang, satêkane ngênggon ora nganggo lèrèn, tumuli adus bae. Calathune Kaija: Wis ta ayo padha ambyur barêng bae.

Bocah-bocah: Iya dak cucul dhisik.

Nanging ana bocah siji sing ora wani manêngah jênênge Karmun, tansah ana ing pinggir bae.

Ana sambungane manèh.

--- 36 ---

Trêsna Bapa

I

[Dhandhanggula]

Ana dongèng kang arasa manis / rada apik kanggo wacan bocah / kêna dipèk surasane / ing desa Têgalarum / ana dhudha uripe miskin / duwe anak jêjaka / nanging jaka tanggung / bangêt trêsna nyang wong tuwa / salawase mung tansah ngrewang-rewangi / ora wêdi rêkasa //

mula nadyan jênêng isih cilik / uwis duwe pikiran tumuwa / bisa ngêmong wong tuwane / jênênge bocah mau / Jaka Wêlas awit ngèlingi / urip kalara-lara / lan wong tuwa mau / ya karan jênêng Pak Wêlas / uwis mathuk karo gone padha urip / tansah dadi wêlasan //

nanging mungguh uwong loro kuwi / sanadyan ta dititahke mlarat / nanging bêcik watêkane / nyang tindak nistha lumuh / anêtêpi panggawe bêcik / dhêmên têtulung tôngga / yèn amulês ngêlu / ngono iku dadi wulang / tinêmune ditiru ing anak bêcik / aran tindak utama //

kang tinêmu uwong tuwa kuwi / anane mung wêlas mênyang anak / saka eling lêlakone / bocah ditinggal biyung / dhèk nalika isihe bayi / uripe mung didulang / lan angombe banyu / nanging barkahing Pangeran / nganti gêdhe sarupaning lara kalis / awake kêngkêng rosa //

lan uripe sanadyan wong miskin / ora tau ketok garobyagan / dilakoni ayêm bae / dene anake mau / ora kêndhat dipituturi / tindak-tindak utama / bêtah yèn mêmuruk / mungguh anggone mêmulang / ngiras pantês kanggo nyênyêlamur ngêlih / lali ora karasa //

kang mangkono kêna kanggo titik / yèn wong mau kêdunungan watak / ambêging priyayi gêdhe / dene nyatane iku / pancèn iya isih naluri / nanging wis ora kocap / saka wis kêtutup / lan Pak Wêlas pancèn bisa / êmoh ngaku dhèwèke turun wong bêcik / melike ora ana //

awit uwong yèn kudu ngakoni / turun gêdhe yèn urip rêkasa / tiwas nglara ati bae / adhakan digêguyu / diarani wong golèk pamrih / malah bêcik rumasa / ngaku dadi pikul / dene yèn wis têkan môngsa / andhêlika ngaku trahing kuli cilik / cluluk dhewe katara //

mung wong urip gawate kapati / sanadyan ta uripe narima / ya kaya Pak Wêlas kuwe / mêksa isih kêsandhung / kocap mêngko lara panastis / malah dadi rêkasa / ati ngrasa nglunthung / Jaka Wêlas ora pisah / ngungkêp-ungkêp ana waton ngambèn linggih / ngeman nunggoni bapa //

nuju udan wayah lingsir wêngi / riwis-riwis mung ana suwara / kodhok kang-kung kana-kene / Pak Wêlas alon clathu / rungokna le tak pituturi / awakku kaya-kaya / bakal wis mèh tutug / rumasa wis ora kuwat / bokmanawa aku tumêka ing pati / sing lila eklasêna //

wis bêgjamu mung samene iki / kowe bakal dadi bocah lola / êmung sapungkurku bae / salamêta uripmu / nglakonana tindak kang bêcik / yèn kowe pancèn nyata / anêmêni laku / dêdalane ora kurang / kowe mêsthi nêmu kamulyan ing buri / lah thole lakonana //

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 20, 1 Dulkangidah Je 1862, 9 Marêt 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [305] ---

Ôngka 20, 1 Dulkangidah Je 1862, 9 Marêt 1932, Taun VII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Indho - Cina

[Grafik]

Sawangan sacêlakipun kitha Pakha, ing propinsi Tonkin.

--- 306 ---

Panglipur Manah

Wanci Enjing

[Mijil]

Purwakane nuju wanci enjing / wus mijil katongton / wèh pratôndha ring janma sagunge / sru katrêsan ing rasa matistis / tumrah andayani / agung balung sungsum //

myang sinêmbuh siliring kang angin / sumribit lon-alon / sung sasmita wela awêwalèh / yèn ywa samya tungkul dènra guling / dèn mèngêt ing wanci / lamun sampun bangun //

dhêdhêt tidhêm duk madyaning ratri / wus liru samangko / ing prabawa apan sampun bènèh / sato kewan uwus samya tangi / ngalilir sing guling / umèndêl sadalu //

sasadhara ingkang panjêr enjing / sumunar sumorot / sênênira sru mradipta mawèh / kayuwanan ring sagung dumadi / madyaning rat sami / mrih bangkit rahayu //

gêbyar-gêbyar yèn cinôndra kadi / mantuk ing pasêmon / lir sujanma kang luhur budine / agung manggung anggêgulang malih / mamardi kotamin / mardawa budyayu //

cingcing goling kumrêcêk kapyarsi / cèt-cèt jathilêngkong / yèn ginagas age panggugahe / maring janma kang lembon kapati / ngagêngkên kamuktin / tan uningèng wêktu //

sumawuring êbun ing wancènjing / tumungtum ing otot / ingkang kêni kinarya nyêgêrke / narambahi balung kulit daging / agung migunani / mring janma sawêgung //

bagas waras ganggas ingkang dhiri / rinuruh sabên wong / tumrahing rah mêmarah antênge / ninging driya yêkti anuntuni / ngruwat ing salwiring / rubeda pangridhu //

mega malang mêmalang kaèksi / pindhanira kados / manambrama marang ing wuryane / bangun esuk kang lama inganti / mahargya arjanti / ing janma sawêgung //

jago-jago kaluruk brêbêgi / sora gêntos-gêntos / sêsumbaran rumuhun tangine / pratandhane nora anglemboni / kêkablak dhisiki / bêk-bêk kukuk kluruk //

ing marga gung gumrênggêng kapyarsi / sabawane uwong / kang wisata maring pasar gêdhe / kêkêncare oncor amimbuhi / srining kang pangaksi / rarase ing bangun //

arêrasan ing saurut margi / mêdhar drênging batos / warni-warni ingkang dèn ucapke / pêpetangan dera lampah grami / tuna lawan bathi / kubuk cucukipun //

wênèh ana sapôntha pawèstri / anggendhong ambreyot / nanging taman rinasa wawane / tandhanira kontra sukèng galih / sêmbari anggêndhing / gandhang mêlang-mêlung //

sêsindhenan araras sayêkti / sinêlan sêsêndhon / dèn sênggaki mrih wimbuh rêgênge / aywa ngantya karasa nabêti / ambêkta kwèh luwih / kinarya manamur //

sayêktine têntrêming dumadi / wuwuh sagon-ênggon / datan pilih janma cilik gêdhe / kabèh-kabèh wus samya darbèni / adiling Hyang Widhi / boya dalêmok cung //

yèn ginagas yêkti tan pinanggih / rèhning makarywabot / parandene rinasa lan sarèh / rarasira linut sukèng kapti / arasana bêkti / sapala tan mrêngguk //

tyang padesan pan wus samya tangi / nimba pating gêrot / para pangon tandya mring kandhange / gothak-gathok cêtha amêthoki / pacêle thinithik / suwarane [suwara...]

--- 307 ---

[...ne] thak-thuk // tan pantara tumulya katitik / sulake katongton / ing bang wetan kèksi sêsunare / sumamburat abra narawungi / kêkuwung ngawêngi / ing sinoming taru //

[Sinom]

sikatan malumpah cikat / cegar-cègêr lan nyambêri / ing êpang manglung balumbang / sarwi ngocèh angacuwis / dening sruning panganti / tita gènnya ngantu-antu / maring ing wuryanira / hyang baskara wanci enjing / mangu-mangu mangun mangungak bawana //

puwara surya kawuryan / lagya mungup mingip-mingip / nèng madyaning cakrawala / yèn cinôndra amantêsi / saistha jumêdhuling / sang hyang kala kaduk bêndu / mangangah ngangah-angah / yun ngrurah sèsining bumi / abang abyor sumunar abra markata //

tumrah tumamèng tanêman / taru-taruning kang tiris / garumbul myang parumputan / sagung sasèsining bumi / puwara amimbuhi / yumananing sagung tuwuh / pasitèn gênêng lêbak / pèrèng curi jurang miring / kawaratan dening sunaring baskara //

ing taru kang tumaruna / rondhonira apan kadi / rinonyok ing nawa rêtna / pinandara bun sunaring / sinrang angin sumribit / kumrêmbyah pindha manguwuh / dera sru manambrama / sumawuring êbun yêkti / yayah truhing rêtna di madyèng bawana //

karya lam-laming wardaya / kuwasaning Sang Hyang Widhi / tumrah sagunging martana / sampun ingkang aran janmi / nadyan titah lènnèki / sayêkti tan bangkit idhup / lamun tan kawaratan / pêpadhang ingkang mratani / sumarmèku wajib ngêgungkên nalôngsa //

kasmaran rarasing enjang / sêngsêmira milangoni / sru dahat asri kawuryan / pêdhut ima manaputi / lumimput graning ardi / gya sirna binuncang larut / piyak kèksi ngalela / kêndhih kuwasaning rawi / sagunging rat kawuryan yayah mahargya //

kawursita pasabinan / dhêrak janma nambut kardi / kang samya mangolah sawah / maluku garu maculi / andhaut ambanjari / jalwèstri samya sumêngkut / sumêngka sukèng driya / gêlakan anggêlak kardi / kang binudya tulya bangkit paripurna //

kang garu nyambi ra-ura / lêlagon sinom pangrawit / nabda hir-hir kiya-kiya / payo kêbo dilumaris / mamrih palêsthèng kardi / yèn wus rampung sawah sagung / sampêt sampurnèng karya / sira bakal sun gumbrêgi / ngarih-arih mêmurih ririh ing angga //

madyaning rat kaèbêkan / kawratan dening sunaring / hyang surya ingkang umimba / memba sujanma linuwih / mamardi rèh arjanti / mawardawa tyas santyayu / sumbaga wirotama / mêmayu ayuning dasih / sanityasa ngumala tyas susilarja //

yayah kotamaning driya / sagung pra marsudèng budi / anggung dera budidaya / kontra ing laksita titi / tuman rêmên nêtêpi / ri ratri tansah mêmêsu / mêmasuh puja brata / mrih arjaning rat pinanggih / kayuwanan ngayam ayun ngayêmana //

mangkana ing ananira / kaanan ing wanci enjing / ginubah cêkak jinugag / sapala datanpa sari / môngka locitèng kapti / namung aran ala nganggur / marma sagung nupiksa / dèn ngêgungkên pangaksami / ring panitra kang paksa mangikêt basa //

titining kanang gitaya / sinaroja pudyastuti / sinambrana lukitarja / kaswaring sanggyèng nupèksi / mrih samya sukèng galih / nityasa ayu pinangguh / panitra mudhadama / sinamun munggwing sasandi / sasat srana sumamaring itawara //

Sa-ta

--- 308 ---

Kawruh Padhalangan

Ringkêsaning Kawruh Padhalangan Ringgit Purwa ing Surakarta

Sambêtipun Kajawèn nomêr 17

Ucap-ucapan ôngka 14.

Majêngipun punggawa wadana.

Mangkana Kala Wilutaksa dinuk ing sasmita, kinèn majêng ing pasewakan, lajêng trangginas nata prabote, ningsêtake sabuke, sèdhêt angunus badhama, nêtêpake jamang kaya bêdhat-bêdhata (mungêl ladrang bêdhat), laju minggah ing pasewakan.

Ucap-ucapan ôngka 15.

Ora kaya Kala Wilutaksa yèn piniji ing gawe, saguh sumanggêm ora kewran baya pakewuh, dhasar tus-tusing senapati, trahing mati papan, tur prawira sakti môndraguna. Pantês lan dhêdhapurane, rowa birawa, kaya singa binasahan. Laju trapsila bukahbukuh. marikêlu, kaya kônjêm pratala wadanane. Mangkana pangudasmaraning cipta: Ih, apa baya krêsane gustiku, dene aku piniji marang pasewakan. Kangên têmên aku nglakoni ayahane ingkang sinuhun. Watara suwe aku ora nglakoni ayahan.

Mangkana sri bupati kaprênan ing galih, pangudasmaraning driya: Ah, lêga têmên atiku, dene Si Wilutaksa sing anggantung laku, yèn dikongkon ora tau cabar. Hèh, Wilutaksa, majua dikapara ngarêp, supaya têtela nampani dhawuhku.

(Wilutaksa): Nuwon, dhatêng sandika.

Ucap-ucapan ôngka 16.

Budhalan danawa.

Ya ta Lurah Dwijamantri Sarawita kinèn undhang ing jawi, nanging para wadya raksasa dèrèng sangkêp ngalêmpak. Dwijamantri lajêng minggah anggoyang têngara, jam gora salumbung gêdhene, tinatap munya ngangkang, krungu sawisan gawe, sanalika para raksasa krungu têngara, banjur gumrubyug prapta ing alun-alun. Kang lagi turu krungu têngara, banjur jênggirat tangi. Kang lagi lungan cangkelak bali. Kang lagi magawe, [ma...]

--- 309 ---

[...gawe,] bruk-bruk sèlèh pakaryan, banjur sikêp gêgaman, ngrasuk prajuritan.

Apa gêgamaning buta, gada bindi, palu piling candrasa nanggala, badhama berang srampang, dhêndha kandhi musala, banjur kumreyap têka ing pabarisan. Akèh warnane para wadya raksasa: buta warok wêrut awêrit, babi kulên wok, wungkal mawila-wila, tuwin buta bajang, ônja-ônja êngklèk-êngklèk balung atandhak, jarangas adirga bau. Pating prangangah, pating prangingis, pating glêro, pating glêrêng kaya sardula mangangah-angah.

[Grafik]

Ki Lurah Dwijamantri nêmbang tangara.

Ingkang anênunggang pating galidrah, apa tungganganing buta: singa warak andaka, mong mèmrèng, blêgdaba bihal adal-adal. Samana wus dèn ingon-ingoni, sarta inginuman pênuh. Tumpêng pirang-pirang èwu, sawarnaning bêkakakan ngundhung-undhung kadi wukir, inuman arak tampo brêm, waragang badhèg ciyu tuwak, winadhahan kawah. Padha sanalika minôngsa wadya raksasa, lêbur tumpur gusis, mung kari wêwadhah. Ya ta lajêng ingundhangan budhal, untaping buta gora gumuruh magênturan, lêbu balêdug mangampak-ampak, gumrayah gograg kaya gunung jugrug.

Ucap-ucapan ôngka 17.

Bibar prang gagal.

Wus sapih kang bôndayuda, banjur pisah kaya sinaringan. Para raksasa sor titih ing prang, laju sumimpang ngungsi jêjurang, nusup-nusup anasak-nasak, bêbasan pati-pati ambêbêntusi.

Wadya ing Dwarawati kinèn sami lêrêm, sarta sinuba ing baksana mawarna-warna. Saking wicaksananing para punggawa, dahat rumêksa ing kawula alit, lineban paramarta dana darana mênuhi.

(Mungêl pathêt sanga).

SinikêgSinigêg. gancaring carita, gênti ingkang winarna, ing praja Endraprastha, iya ing Ngamarta, Sang Prabu Yudhisthira lênggah siniwaka, asrining panangkilan tangèh yèn cinôndraa, (mungêl ladrang Srikaton) pêpak para punggawa kang sami sumewa.

[Grafik]

Gunungan.

--- 310 ---

Wara-wara saking Komite Rônggawarsitan Surakarta

Komite Rônggawarsitan Surakarta ingkang dumados saking para waris, ngaturi uninga ing akathah, bilih anggènipun mahargya dintên pangèngêt-èngêt sawidak taun saking sedanipun sang minulya Radèn Ngabèi Rônggawarsitta, pujôngga agêng ing nagari Surakarta Adiningrat, dhawah benjing ing dintên Akat Lêgi tanggal kaping: 5 Dulkangidah Je 1862 utawi kaping: 13 Marêt 1932, mênggah lampah-lampahipun pahargyan kados ing ngandhap punika:

Ing dintên malêm Akat kasêbut nginggil komite damêl pêpanggihan, manggèn wontên ing SunSus. Mangkunagaran Surakarta, mawi kawontênakên sêsorah bab lêlabêtan sarta kalangkunganipun sang pujôngga. Ingkang badhe mêdhar sabda para sarjana ahli kasusastran ing Surakarta, pêpanggihan kawiwitan wanci jam 8 sontên.

Ing dintênipun Akat enjing kaping: 13/3-'32, para warganing komite sami dhatêng pasarehanipun sang pujôngga ing dhusun Palar bawah dhistrik Bèji (Klathèn), prêlu anjênêngi wilujênganipun, sarta pambikakipun griya bangsal minôngka pangèngêt-èngêt dintên 60 taun saking sedanipun.

Ingkang punika para sadhèrèk bôngsa Jawi tuwin sanès-sanèsipun, punapadene para ingkang sampun sami angrujuki ada-adanipun komite sami kaajêng-ajêng rawuh dhatêng ing pêpanggihan wontên Sus Mangkunagaran Surakarta, sarta kaparêngipun rawuh ing pasarehanipun sang pujôngga, komite badhe sakalangkung bingah sarta panuwunipun.

Surakarta kaping 3 Marêt 1932.

Katandhan. Pangarsa sarta panitranipun komate:komite. Ônggapradata, Padmawidagda.

P.S.

Ingkang badhe kagungan prêlu punapa-punapa dhatêng komite, mundhut buku babadipun sang pujôngga utawi badhe manjurung, kangalamatana dhatêng pangarsa.

Kawigatosna

Redhaksi Kajawèn tansah tampi pitakenan bab cocoging pêpetangan tanggal wulan. Bab punika, ingkang sami pitakèn wau kaparênga mundhut bukunipun kemawon nama Djidwal basa Malayu rêgi f 0.40 wêdalan Bale Pustaka, ing sapunika sampun sadhiya.

--- 311 ---

Darmawisata

Darmawisata Minggah Rêdi Mêrbabu

Ing salêbêtipun wulan Dhesèmbêr kapêngkêr, wontên punggawa opnamê kantor boswèsên ing Salatiga sawatawis sami gadhah sêdya minggah ing rêdi Mêrbabu, rêdi punika inggilipun 3145 m saking lumahing toya sagantên, dunungipun ing sakiduling kitha Salatiga, dados watêsipun residhènsi Sêmarang, Kêdhu kalihan Surakarta.

Dintên Jumuwah ing wanci enjing tanggal kaping 25/12/1931 wontên kônca 13 sami dhatêng ing panggenan kula kampung Mangunsari Salatiga sumêdya badhe minggah dhatêng rêdi Mêrbabu. Sasampunipun tata-tata prabot, jam 6.45 lajêng bidhal nuju dhatêng Mêrbabu, gunggung wontên kônca 14, golongan mantri opnèmêr saha mantri tèkênar, ambêkta kuli 1 prêlu ngrêmbat sangu bontotan. Lampahipun urut margi agêng saking Salatiga dhatêng ondêr dhistrik Gêtasan. Saklebatan manawi kula tingali mèh kados lampahipun para padpindêr, nanging sarèhning sanès padpindêr, dados anggèn kula mastani: andon lêlana.

Jam 9 para andon lêlana sampun dumugi ing dhukuh Bumiayu, ing ngriku kèndêl sakêdhap, prêlu ngêntosi kuli ingkang ngrêmbat motha pirantos ngaub kalihan sangu têdha. Sadhatênging kuli wau kula sakônca ragi susah ing manah, awit kuli ingkang ambêkta prabot wau kawratên, mopo botên sagah nêrusakên yèn botên dipun rencangi kuli satunggal malih. Kula kapêksa pados kuli malih. Kula lajêng nêdha pitulungan dhatêng bêkêl ing dhukuh ngriku, wasana kalêrêsan, anakipun bêkêl wau purun mitulungi ambêktakakên prabot sangu wau sapalih. Saking dhukuh Bumiayu andon lêlana lajêng nyimpang saking margi agêng, mangidul ngetan urut margi dhusun ingkang dumugi dhusun Batur. Ing saurutipun margi dhusun wau lampahipun para andon lêlana sampun wiwit rêkaos, awit minggahipun andêdêr, sangsaya têbih sangsaya andêdêr minggahipun.

Sêsawangan ing urut margi punika botên wontên ingkang patos prêlu kacariyosakên. Kaprênah ing saêlèripun dhusun Batur pinanggih sêndhang, dunungipun ing pinggir margi, toyanipun sumbêr bêning, kuciwa kirang sae pangrimatipun, awit ing salêbêting toya wau katingal rêgêd saking kaleyanging gêgodhongan kathah sangêt.

Jam 10 andon lêlana sampun dumugi ing dhusun Batur bawah ondêr Gêtasan, ing sapinggiring margi wontên warung sadean sêkul, tape lan jajanan cara dhusun. Sarèhning anggènipun lumampah para andon lêlana sampun ragi têbih, saha ing bagian wêtêng sampun kêndho, pramila lajêng sami kèndêl prêlu ngantêm krama tape kalihan sanèsipun, kenging kangge ngêncêngi wêtêng. Sadangunipun para andon lêlana rame wontên ing ngriku, wontên satunggiling tiyang èstri ingkang sajakipun lêga ambêkta wedang tèh 2 teko sacangkiripun, kasêgahakên dha-

--- 312 ---

[Grafik]

Rêdi Marbabu lan rêdi Mrapi.

--- 313 ---

têng para andon lêlana wau, wah, inggih nikmat, ingatasipun ngêlak, kasêgah toya tèh. Ing sarampungipun sami ngombe, kula anglairakên panarimah dhatêng tiyang ingkang nyêgah wedang tèh kanthi rilaning manah wau, ing salajêngipun kula pamitan badhe anglajêngakên lampah. Ing sadèrèngipun para andon lêlana sami pangkat, bakul tape gadhah piwêling makatên: E, dèn... manawi badhe lêlampah minggah rêdi punika kêdah sami ngatos-atos, sampun ngantos kawêdhar rêmbag angrêsula, upami dhahar punapa-punapa raosipun botên eca, sampun ngantos alok botên eca, kapara ngêlokakên sangêt ecanipun. Kadosdene dhahar tape wau kirang eca, kêdah dipun êlokakên wah sêgêre. Upami lampahipun kanthi rêkaos, inggih ingkang sabar. Kasrêpên dening hawa, inggih sampun sambat kasrêpên. Yèn ing margi kataman pêdhuting ampak-ampak, inggih sampun ngantos alok kapêtêngan margi sarta sanès-sanèsipun. Lajêng katêrangakên maksudipun: upaminipun ing margi mangke kapêtêngan ing pêdhut ampak-ampak, môngka lajêng sami sambat, punika adat sabên malah sangsaya pêtêng pêdhutipun, trêkadhang lajêng katêrak ing ampuhan jawah, makatên piwêlingipun bakul tape wau, lêpat lêrêsipun sumôngga Para andon lêlana sami mangsuli: Inggih, inggih kalihan gumujêng sarta pamitan pangkat.

Saking dhusun Batur lumampah mangidul lajêng mangetan nuju dhatêng dhukuh Thekelan, jam 11 para andon lêlana sampun dumugi ing têngahing dhukuh Thekelan, ing ngriku prêlu angêndhoni napas ngiras kèndêl sakêdhap. Dhukuh Thekelan punika kabawah ing ondêr Gêtasan, dunungipun mêncil kinubêng ing wana têmu gêlang, inggih mèmpêr kemawon manawi dhukuh wau namanipun Thekelan, awit margi saking Batur dhatêng Thekelan wau sampun awujud margi jurang lamping, dados tiyang ingkang lumampah ngambah margi wau mêsthi kêthèkèl-kêthèkèl kados patrapipun tiyang ingkang lumampah ing ôndha, utawi lumampah dhatêng undhak-undhakan inggil sarta panjang. Saking pamanggih kula, têtiyang ingkang sami gêgriyan ing ngriku punika katingal ayêm, botên kados gêsangipun tiyang kitha, ingkang botên gadhah padamêlan mêsthi punika adhakan kêkathahên gôdha rêncana. Têtiyang ing Thekelan tumandangipun damêl dhatêng têtanèn, sabên dintên tansah anggulawênthah dhatêng siti, tanêmanipun ing patêgilan, sata, kobis, kênthang, kapri lan sapanunggilanipun. Ing ngriku wit kalapa babarpisan botên wontên, katêranganipun, wit kalapa punika sagêdipun sae kêdah ing tanah andhap saha bêntèr hawanipun, yèn katanêm ing panggenan ingkang sampun inggil saha asrêp botên sagêd gêsang, wontên ugi ingkang sagêd gêsang, nanging botên purun awoh, awit ing dhukuh Thekelan ngriku inggilipun ± 1600 m. Ing salêbêtipun kula sakônca kèndêl ing ngriku, katingal tiyang jalêr èskrièstri. saha lare-lare dhatêng anglur saking wetan, sami ambêkta sukêt kangge têdhan rajakaya. Ingkang kula gumuni mênggah kakiyatanipun têtiyang ngriku punika manawi ambêbêkta dumunung wontên ing sirah. Badhe kasambêtan.

Wasitadijaya.

--- 314 ---

Kawruh Sawatawis

Bab Maksudipun Ngêbiri Kewan

Ing bab kewan dipun kêbiri, pangraos kula kathah ingkang dèrèng dhamang sayêktos mênggahing kajêngipun ingkang prêmati. Lêrês satunggal kalih sampun wontên ingkang ngêbiri kewanipun, kados ta: maesa, kapal utawi sanès-sanèsipun, namung taksih kenging dipun wastani sajak cobèn-cobèn utawi sajak kirang wigatos, kados ta: ngêbiri ayam, punika namung katingal murih angsal ayam anggajih, dados dipun sate andrèdès lisahipun.

Sayêktosipun prakawis wau gêgayutan kalihan pamiyaran rajakaya, punika nyata kathah ingkang dèrèng andungkap, tandhanipun tumrap para tani sajakipun têksih rumaos kawratan sangêt, sanjangipun: mêmêlas, eman utawi sanès-sanèsipun ingkang botên dumunung. Ingkang punika adrênging manah adamêl wêdharan bab punika, namung kula damêl cêkak, pamurih kula sagêda gampil cumanthèl ing manah.

Tata lairipun, ngêbiri punika pancèn ngrisak, awit kewan dipun kêbiri lakar lajêng botên nurunakên wiji (nyumpêt sumbêring wiji) punika kêdah kula wangsuli: Iya bênêr. Ewadene ingkang tumindak kanthi dhawuh nagari, botên kenging dipun ungêlakên makatên, wontên kajêng ingkang prêmati, pramila wontên watonipun, ngêmungakên kewan ingkang awon-awon, ingkang sae botên, sanadyan ingkang gadhah kajêng piyambak, mêksa botên dipun parêngakên, awit manawi makatên nama klintu. Kapitunènipun jalêran sae dipun kêbiri agêng sangêt, amargi jalêran satunggal kenging kangge mranaki bibitan 50 utawi langkung. Pramila sanadyan ing satunggiling dhusun jalêranipun kakêbiri kathah, nanging ngèngèhakên satunggal kalih, ingatasing kangge bibitan namung 50 (kangge upami) punika botên nama kapitunèn, sagêd ugi malah dados mindhak sae, jalaran jalêran kapilihakên ingingkang. sae.

Rèhning jalêran ingkang awon sampun botên piguna (tumrapipun pamiyaran) môngka wontên lampah ingkang mikantuki, jalaran kêbiri dados lêma, (wêwah ing kasil) dados aluwung dipun kêbiri, dados lajêng botên nyampuri lêmbu èstri ingkang wasananipun awon turunipun, punika mênggahing prakawis wigatos tumrap pamiyaran rajakaya wau. Dados manawi para tani (limrahipun ngingah rajakaya dados bau têngênipun) sampun andungkap têmtunipun lajêng sirna piyambak raos panalôngsa wau.

Sapunika sampun gamblang, dados prayogi ngrêmbag sanès, nanging taksih gêgayutan bab wau. Sok wontên pangudaraos: sapi dikêbiri têka banjur malik dadi rupa wadon kuwi kapriye. Pitakenan wau kula tampi kalihan tangan kalih, kajawi punika yêktosipun baku kathah ingkang kêcelik, jalêr sinêngguh èstri, punika jalaran saking

--- 315 ---

dipun kêbiri wau. Mênggah katranganipun makatên: mirid sêsêrapanipun tiyang ingkang lêpas ing pangawruh, kajawi ingkang sampun cêtha dados titiking jalêr lan èstri, ingkang ing têmbung Walandi dipun wastani primaire geslachts kenmerken, tiyang inggih taksih sagêd mêthèk (upaminipun) brêngos, jenggot tuwin kathah panunggilanipun. Manawi tumrap lêmbu kados ta: punukipun, punika sampun purun mastani têtêping sipatan jalêr, punika dipun wastani secundaire geslachts kenmerken.

Mênggah lajêngipun atur kula, ingkang ôngka 2 (secundaire) wau punika tumrap ingkang dumunung ing awak-awakan jalêr, pusaranipun wontên ing têtêngêring jalêr, pramila manawi perangan ngriku (ingkang prêmati pringsilan linêbur dipun kêbiri) awak-awakan sêcundaire botên badhe tuwuh, pramila punuk ingkang mêsthinipun dumados, lajêng botên, makatên punika tumrap lêmbu. Tumrap tiyang, ingkang mêsthinipun godhèg wok simbar dhadha, yèn ta dipun kêbiri, têmtu botên badhe tuwuh (gadhah) brewok utawi sapanunggilanipun, prakawis punika cihnanipun wontên ing lêmbu, awit saking punika manawi ngangkah adêging sêsipatan jalêr kêdah kaudi pangêbirinipun ingkang sampun sêpuh (diwasa), kosokwangsulipun manawi têksih ênèm, sipatipun têmtu lajêng malik dados èstri.

Dados dat ingkang dumados wontên ing saranduning awak-awakan jalêr, ingkang kawawa nuwuhakên brêngos, jenggot utawi sapanunggilanipun wontên piyambak (ingkang nuwuhakên pangawak prakosa).

Wasana kula punggêl samantên kemawon atur kula, margi kangge katrangan bab ngêbiri raos-raosipun sampun cêkap, wasana angêgungna pangapuntên dhatêng:

Sumadi (Pangarasan)

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab reclasseering

VII.

Garèng : Ambanjurake rêmbugane rikala dina Sabtu kang kapungkur, Truk, kabèh andharanamu wis tak cathêt ana ing pucuk koncèring blangkonku, lan anggonku ngrasakake iya nganti liyêr-liyêr lan anglêkêtêr. Mulane aku saiki iya wis ngrêti têmênan, dadi sing bisa ditibani ukuman janggêlan kuwi cêkake mung prakara sing sêmprul-sêmprul thok bae.

Petruk : Mêngko sik, Kang Garèng, mêngko sik, pikiranku kiyi rada pamitan, hla wong ana prakara kok diarani sêmprul, lo kuwi kêpriye karêpmu.

Garèng : O, hla wong bangsane wong kau mêtêku ngono, mulane iya ora bisa ngrumpaka têmbung. Rungokna tak wêjangi. Kowe mêsthine

--- 316 ---

rak iya wêruh sing diarani têmbako sêmprul, yaiku bako sing ampang, sing ora ana rasane. Dadi apa bae anggêr diarani: sêmprul, têgêse iya sing ampang, sing kêna diunèkake tanpa têgês, dadi saupamane: prakara sêmprul, kuwi karêpe prakara sing rèmèh. Priyayi sêmprul, iya iku priyayi sing sugih: pêtontong, pêthunthung, pêthènthèng lan pêthinthing, nanging sirah lan kanthonge: kothong. Dene sing diarani Walônda sêmprul aliyas Lônda capjae, iya iku: Walônda sing rumasane putrane Malaekat Jabarail, nanging...

Petruk : Sêtop, ana kok banjur pirang-pirang lanjarane mêngkono. Wis, wis rungokna saiki tak caritani dhisik mungguh cara-carane hakim nibakake ukuman janggêlan mênyang sawijining pasakitan. 1e saka krêsane hakim dhewe, têgêse: saupama hakim yakin dhewe, yèn si pasakitan anggone tindak luput mau, ora jalaran saka dhêdhasar pancèn duwe wêwatêkan kadurjanan, nanging jalaran saka kalimput utawa putêking pikirane, sarta hakim dhewe iya yakin, yèn salawas-lawase durung tau nglakoni mêngkono, malah kosokbaline salawas-lawase kalakuane tansah bêcik bae.

[Grafik]

Garèng : Wèh, Truk, sing kalêbu ing golongan kang kapisan kiyi, mêsthine iya dudu bangsane kowe aku iki. Awit nèk bangsane wong andhapan-andhapan kaya kowe aku iki rak iya mokal bangêt bisane sobat karo kangjêng tuwan kangjêng tuwan kuwi. Awit para kangjêng tuwan kangjêng tuwan mau, apa manèh yèn ana ing kutha cilik, sanadyan bangsane awak dhewe uga, sing dikumpuli sing akèh-akèh iya mung bangsane kangjêng-kangjêng bae, kaya ta: kangjêng tuwan rêsidhèn, kangjêng tuwan asistèn rêsidhèn, kangjêng bupati, kangjêng tuwan kontroleur, kadhangkala nèk butuh iya sok krêsa kumpul karo kangjêng tuwan... komis. Nanging karo liyane sajake... risi. Mulane nèk kaya mangkono kuwi, aku banjur kèlingan bêcike wong main, yaiku sok banjur ora ambedak-bedakake pangkat lan titêl, anggêre olèh mungsuh bae, ora prêduli pangkat apa lan titêle: raden mas utawa utawa kenthol ngantèn sing prêlu... duwe dhuwit apa ora. Mulane kowe rak iya sok krungu, ta, ingatase pangkat mantri brêgadhêl bae, nyang kabupatèn kok bisa linca-linci kalayan kêpenak, lo, kuwi sababe ora liya jalaran saka bisane ngladèni kumpulan kapatan.

--- 317 ---

Petruk : Wiyah, wiyah, kok banjur nyandhak sing ora-ora mêngkono. Tak omongi ya Kang Garèng, wis jamak lumrah ana ing donya kuwi siji-sijining wong sing disênêngi iya golongane dhewe-dhewe, utawa wong-wong sajajare, kaya ta: bangsane juru tulis, sing disênêngi kêkumpulane iya karo bangsane juru tulis utawa wong sing apangkat sajajare juru tulis, nèk pangkat juru tulis kok dikon kêkumpulan karo dara wêdana upamane, mêsthine rasane iya: grimang-griming lan prindang-prinding, mêngkono uga si wêdana, nèk dikon kêkumpulan karo bangsane juru tulis, mêsthine iya ora bisa rakêt bangêt, jalaran arêpa bêcik dikayangapa, wong ya pangkat wadana, si carik têmtune isih anduwèni wêdi, mulane sanadyan sêsrawungane bêcik bangêt, nanging iya mêksa ora bisa kayadene karo wong-wong sing pangkate sajajare. Samono uga sing apangkat presidhèn landrad, sabisa-bisa iya anggolèk kêkumpulan sing sajajare, têgêse: sing sajajar pangkate utawa sajajar kapintêrane. Dene bab prakara main, kuwi sanyatane ora kêna dirêmbug dawa-dawa, saklebatan pancèn iya nyata, yèn ing kono sajake ora ambedak-bedakake, nanging sanyatane iya padha bae, iya iku: anggolèk sajajarane, nanging ora sajajarane pangkate utawa kapintêrane, nanging sajajarane... anggone doyan main. Mungguh sing tak kandhakake ing ngarêp, anggone nibakake ukuman janggêlan saka krêsane hakim dhewe, wis mêsthi tumindake kuwi iya kanthi saadil-adile, têgêse: si hakim ora yèn kok banjur anggêgêgi krêsane dhewe, nanging iya mêsthi mundhut timbangane para lid-lid liyane. Nèk wis dirujuki dening para lid-lid mau, lagi krêsa andhawahake ukuman janggêlan...

Garèng : O, dadi mêngkono, iya sukur ane. Ing sarèhne kaya mêngkono lakune, tak pikir-pikir sing wajib nongol-nongol lan nèngèl-nèngèlake kaanane pasakitan mau iya kudu bêndara jaksa, awit mungguh kaanane awak dhewe kuwi sing pantêse priksa têmênan iya bêndara jêksa.

Petruk : Lumrahe iya mula mêngkono, mêngko banjur hakim sing ngrêmbug karo lid liya-liyane. Nèk wis padha cocog kabèh, lagi diputus apa pasakitane diukum kayadene biasane, apa ditibani ukuman janggêlan. Dadi tumindake pancèn iya saadil-adile têmênan. Wis, wis, rêmbugane padha dilèrèni samene bae dhisik, liya dina padha dibanjurake manèh.

Pawartos saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 1784 ing Majagêdhe. 3 Marêt 1912, dhawah A Lê, 14 Mulud 1842. 3 Marêt 1913 dhawah Sn Lê, 24 Mulud 1843.

R.S. ing Madiun. Karangan panjênêngan sampun katampèn, wontên ingkang kapacak, wontên ingkang botên.

Lêngganan nomêr 3035 ing Surakarta. Têmbung pangêmpian, dèrèng amrangguli, dene mirit ungêl-ungêlan ing Woordenboek, ingkang mirib têmbung wau atêgês papan ngêpe kalapa, ingkang kaangkah mêdal lisahipun. Krêtarta, têgêsipun putus, kuwasa utawi langkung rosa.

Tuwan T. ing Purbalingga. Pakabaran kintunan panjênêngan kamanah kirang wigatos, botên kapacak.

Tuwan S. ing Kalisêtail. Kintunan panjênêngan waosan kirang nêngsêmakên, botên kapacak.

--- 318 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS

TANAH NGRIKI.

Bidhal dhatêng paboyongan kanthi sênêng-sênêng. Ing Kutaarja mêntas wontên rame-rame sawatawis, prêlu ambêbingah têtiyang ingkang badhe kabidhalakên dhatêng paboyongan ing Gêdhong Tatakan, pasamoanipun kêthoprak, bidhalipun dhatêng sêtatsiun mawi dipun arak gangsa.

Tindak makatên wau mêngku kajêng warni kalih, prêlu kangge ambêbingah yêktos utawi kangge anglêlipur dhatêng susah utawi kangge miluta. Dene manawi nyata kangge ambêbingah dhatêng tiyang ingkang salugunipun pancèn badhe angsal pitulungan panggêsangan, lajêng nama ngêbrèh wontên ing jaman malèsèt.

[Grafik]

Ngubêngi donya. Tuwan L. Peroire, bangsa Eropah ingkang ngubêngi donya kalihan numpak sêpedah sampun dumugi ing Bêtawi. Nagari ingkang sampun dipun ambah: Eropa Têngah, Siberie, Jêpan, Tiongkok, Siam, Indo-China, Maluku, Sumatra, ing sapunika tanah Jawi. Samargi-margi tuwan wau sêsorah ing bab basa Esperanto, supados sagêd umum. Salajêngipun badhe dhatêng Australie tuwin Amerika.

Nyêrêg prakawis jalaran dipun kèndêli saking padamêlan. Tuwan Tan Beng Twan, punggawa pabrik ès ing Bêtawi, mêntas milênggahakên prakawis dhatêng ingkang wajib, jalaran dipun kèndêli botên angsal balanja. Wusana karampunganing pangadilan, Tan Beng Twan mênang, angsal wachtgeld 3 minggu.

Bab angsaling wachtgeld 3 minggu, pintên kathah sakêdhikipun botên dados pamanahan, ingkang prêlu namung haking lêrês, awit mênanging prakawisipun wau jalaran saking lêrês. Beda manawi namung kèndêl.

Kabêsmèn agêng. Ing Tanjung Bringin, Medan, mêntas wontên griya kabêsmèn, gunggung têlas cacah 100 wuwung, tokonipun 15, kapitunan dèrèng têrang, nanging ingkang saperangan malêbêt asuransi.

Pinanggihipun wontên ing jaman malèsèt, tiyang kabêsmèn punika saya anggrantês sangêt. Nanging tumrap ingkang lumêbêt asuransi, malah gadhah pangajêng-ajêng angsal lêlintu anyêkapi. Mila tumraping pakaryan asuransi, sakaing titi anggèning nindakakên papriksan, anjagi manawi wontên tindak ingkang botên-botên. Dados sanadyan kabêsmèn, kala mangsa ugi wontên ingkang bingah lan susah.

Barang bur-buran ing pagantosan Pêmalang. Barang bur-buran ing pagantosan Pêmalang botên pajêng kasade, amargi rêrêgèning barang kawon andhap kalihan rêrêgèn ing pêkên.

Inggih sawêg jaman sapunika kemawon wontên barang bur-buran rêginipun kawon kalihan rêrêgèn ing pêkên. Têmtunipun bab punika inggih andadosakên kabukanipun para alit ingkang sami gêsang sarwa kacigkrangan,kacingkrangan. lajêng sagêd ngatos-atos anggèning ngêdalakên arta.

Bab pindhahipun Dr. Murjani dhatêng Malang. Ing bab pindhahipun Dr. Murjani saking Surabaya dhatêng Malang, andadosakên raosaning ngakathah, amargi pindhahipun wau dadakan, nyarêngi wontênipun pogokan punggawa C.B.Z. Nanging dangu-dangu wados wau inggih lajêng kasumêrêpan, bilih pindhahipun Dr. Murjani wau kalêpatan dados pangajênging bab pamogokan wau.

Lêrês lêpating tindak wau, sapunika dèrèng katingal, ing têmbenipun kemawon pinuji sagêda damêl pamarêm sampun ngantos wontên raos ingkang botên damêl panarimah.

Dipun bekot. Wontên pawartos, sêrat kabar Locomotief ing Sêmarang dipun bekot dening bangsa Tionghoa ing Sêmarang ingkang sami lêngganan. Dene sababipun sêrat kabar wau anggèning martosakên pakabaran pêrang Tiongkok-Jêpan botên adil, manawi ngêwrat pakabaran telegram saking golongan Jêpan, dipun cap kandêl, nanging manawi saking Tiongkok asring botên dipun êwrat, malah redaksinipun ambumboni ingkang ngengingi bangsa Tionghoa. Redaksi lajêng nakèkakên bab punika dhatêng pakêmpalan dagang Siangbu, lumantar pulisi, nanging botên angsal damêl.

Angèling tiyang dados juru kêmudining sêrat kabar punika kados makatên, mila manawi nglampahakên sampun anjarag numbuk manahing tiyang.

Mulo Muhammadiyah ing Blitar. Benjing tumapaking wulan Juli ngajêng punika pakêmpalan Muhammadiyah ing Blitar badhe ambikak pamulangan Mulo, dipun wiwiti saking voorklas. Wiwit sapunika sampun sagêd nampèni murid.

Punika satunggiling kamajênganipun Muhammadiyah, nama suka margi dhatêng ingkang nêdya majêng, pambikakipun Mulo mawi dipun sadhiyani voorklas. Mirit kawontênakên kados makatên punika ngosok wangsul kalihan wontêning wartos ing bab badhe icaling Voorklas Mulo Guprêmèn.

Andagang tiyang èstri. Ing Bêtawi mêntas wontên tiyang asli saking Palembang dipun cêpêng dening pulisi, amargi ambêkta tiyang èstri dipun akên bojo, asli saking Krawang. Nanging sarêng kapriksa, tiyangipun èstri ngakên dèrèng dipun nikah. Dene têrangipun tiyang ingkang asli saking Palembang wau kêrêp gadhah tindak kados makatên, ngakên pados bojo, nanging nyatanipun wontên ingrika kangge padagangan.

Tindak kados makatên punika pantês sangêt dipun uningani dening ingkang wajib. Malah sampun nate wontên ingkang kadênangan, tuwin sarêng kapriksa inggih sampun dipun ningkah sayêktos, ingkang namung kangge sarana wilujêngipun wontên ingriki. Dene ingkang dipun têmpuh ing padhusunan, têmtu kemawon tumraping tiyang dhusun lajêng kelu, saya tumrap pinanggihipun wontên ing jaman malèsèt punika.

Kamajênganipun Partai Indonesia. P.I. ing Bêtawi katingal majêng, dunungipun sapunika warganipun sampun wontên 1000, sampun anggadhahi warung pintên-pintên panggenan sêkolahan [sê...]

--- 319 ---

[...kolahan] a.b.c. pintên-pintên dasa, makatên ugi golongan wanita. Kantor-kantor pang sampun wontên 8. benjing tanggal 14 dumugi 18 Mèi badhe damêl congres.

Pinanggihipun wontên ing jaman sapunika, sabên wontên pakêmpalan têmtu majêng, ewadene ugi kêdah kanthi pinuji mugi lulusa sampun kirang satunggal punapa.

Gudhang sata kabêsmi. Gudhang sata ing kabudidayan Gowok, Surabaya, mêntas wontên ingkang kabêsmi, kapitunan f 7000.- nanging kalêbêt asuransi. Dene sababipun kakintên saking pandamêling durjana.

Pandakwa makatên punika mèh umum, nanging pamrihipun durjana gèk punapa?

Commissie enggal. Wontên pawartos, ing kantor kapatihan Surakarta badhe wontên commissie enggal badhe mriksa padamêlan-padamêlan ing kantor ngriku, ingkang kapatah dados commissie Mr. K.R.T. Wongsonagoro. K.R.M.H. Padmonagoro tuwin K.L. Roodenburgh.

Papriksan kawontênakên ing tanah karajan Jawi, sabên-sabên tuwuh wontên raos botên adil, amargi karaos wontên panimbang nisih, jalaran juru panimbangipun kawon bobot. Nanging sagêdipun punika, manawi saèstu tumindak, mugi tinêbihna ing raos kados makatên. Awit ingkang piniji ing damêl sami sawung.

Hak lagu Indonesia Raya. Ing taun kapêngkêr ing Sumatra kathah plaat gramafoon lagu Indonesia Raya ingkang dipun bêskup dening pulisi, saking panêdhanipun Tuwan Supratman ingkang ngarang lagu wau kalihan satunggiling firma Tionghoa, ingkang sampun numbas hakipun saha lajêng nyêrêg prakawis. Plaat wau dipun damêl ing Jerman dening firma Eropa. Sarêng sapunika kasêrêg ing prakawis, pangadilan botên sagêd nindakakên, awit firma ingkang dipun sêrêg namung nyade kemawon, dados kêdah nyêrêg dhatêng pabrik ingkang ndamêl.

Bab punika têmtunipun lajêng dados lampah agêng. Samantên lampahing among dagang.

Ir. Soekarno wontên Malang. Ir. Soekarno sasampunipun sêsorah wontên ing Blitar, sanès datêng sêsorah wontên ing Malang; ingkang dipun sorahakên ing bab budi manunggil. Ingkang rawuh ing parêpatan kathah, wanita kemawon wontên atusan.

Mirit kawontênakên punika, sulak-sulakipun para wanita saya majêng dhatêng pakêmpalan. Ingkang mantêp kemawon.

Pakêmpalan Mardibudi ing Surakarta. Pakêmpalan Mardibudi ing Surakarta mêntas parêpatan agêng taunan. Kajawi nindakakên prêluning pakêmpalan, ugi angajêngi sêsorah warni-warni. Kajawi punika ugi wontên sêsorahipun bangsa Tionghoa nama Tuwan Njoo Joe Tik, ingkang wosipun nyupêkêtakên pasadherekan.

Karukunanipun pakêmpalan Mardibudi katingal manunggilakên karukunanipun bangsa Jawi tuwin Tionghoa. Nanging bab punika kados botên ing sapunika kemawon pinanggihipun ing Surakarta, golongan kalih wau pancèn sêpêkêt.

Pamulangan tênun ing Kroya. Comite ingkang ngadani adêging pakêmpalan nênun ing Kroya mêntas parêpatan umum saha sampun sagêd kêlampahan ambikak pamulangan. Murid ingkang katampèn, lare èstri ingkang umur 15 taun minggah, lamining sinau nênun 6 wulan, mulas kirang langkung 3 wulan, bayaranipun sawulan f 2.-. Angsal-angsalanipun panyadeaning barang, murid angsal panduman. Pamulangan wau sampun tampi arta darma f 669.- langkung.

Kamajêngan punika pantês angsal pambiyantu. Salajêngipun pantês pinuji sagêdipun angsal lawe asli kapas ngriki piyambak.

Anjalari mindhaking rêrêgèn klapa. Awit saking rekadayanipun koperasi K.P.N. ing Ngayogya, sarana sêsorah ngajêngakên panganggening dilah lisah klêntik. Ing sapunika rêgining klapa ingkang rumiyin 1 1/2 sèn sagêd mindhak dados 2 1/2 sèn. Kajawi punika ugi sagêd mitulungi dhatêng têtiyang angguran sawatawis, sami ngadani padamêlan wau.

Mangga kalajêngakên.

Konggrès koperasi ing Sragèn. Benjing wulan Juni ngajêng punika, pang B.O. ing Sragèn badhe ngawontênakên konggrès koperasi, kanthi ngawontênakên tentoonstelling barang warni-warni asli kagunan piyambak tuwin pamêdal siti, prêlu kangge pados pawitan.

Sêdya wau pinuji kasêmbadanipun, namung sarèhne jaman malèsèt, inggih prayogi ingkang ngatos-atos, kupiyanipun mêntas wontên, inggih punika pasar malêm manggih kapitunan.

NAGARI WALANDI.

[Grafik]

R.M. Notosuroto. Ing Kajawèn sampun nate martosakên ing bab R.M. Notosuroto badhe angajawi. Inginggil punika gambaripun R.M. Notosuroto wontên ing restoran Maju ing 's Gravenhage, badhe pêpisahan.

--- 320 ---

Wêwaosan

Dêmang Candhuk

Cariyos sêmpalan babad.

Karanganipun Mukmin guru bantu pamulangan ôngka II ing Wangon, Jatilawang.

3.

Mila lajêng rêmbagan kalihan ingkang èstri, badhe ngupados turun. Nyai dêmang nyondhongi. Enggaling cariyos, Dêmang Côndrapraya nyêlir anakipun dêmang ing Panyarang. Lajêng kayasakakên griya sapandhapinipun kaprênah salèring Canthukkêmantrèn. Wêwangunaning pandhapi memba pandhapining aluhur, midhanganipun sungsun gangsal, ingukir-ukir pindha sirahing garudha. Adêging pandhapi wau sinêngkalan taun Walandi: sêmbah rasa pandhita tunggal (1762), run-tumurun dumugi samangke taksih sae.§ Kacariyos balunganing pandhapi wau kajêng jatos sauwit ing wana Sindhangbarang bawah ondêr dhistrik Karang Pucung, ingkang bulêding pokokipun cêkap kangge linggihan tiyang salawe.

Botên antawis lami Dêmang Côndrapraya kalihan semah nèm sagêd patutan kalih jalêr sadaya. Ingkang nomêr satunggal warninipun awon, diwasanipun nama: Côndrajaya. Ingkang nomêr kalih warninipun bagus, diwasanipun nama: Singamênggala. Kyai dêmang wau panganggêpipun dhatêng anak pilih sih. Côndrajaya botên dipun trêsnani, mandar dipun sêngiti kaanggêp kadosdene rencang. Dene Singamênggala dipun trêsnani sangêt, tansah inguja pikajênganipun, malah ginadhang-gadhang anggêntosi pangkatipun. Padamêlan ingkang kasar-kasar dipun pasrahakên dhatêng anak ingkang sêpuh, ingkang alus-alus dhatêng anak ingkang ênèm.

Danguning dangu Côndrajaya rumaos dipun siya-siya sangêt dening bapa. Sadaya padamêlan ingkang katindakakên sarwa botên kalêrêsan. Mila têlas pangajêng-ajêngipun sagêdipun anggêntosi dêmang.

Ing satunggiling dintên piyambakipun sawêg rêrêsik pakawisan, nuju ngaso kasumêrêpan bapakipun, lajêng dipun uman-uman botên kanthi kamanah rumiyin, adamêl sêriking manahipun Côndrajaya, sanalika tuwuh tekadipun badhe kesah saking ngriku. Sarêng dalunipun wanci sirêp tiyang Côndrajaya mêdal saking griya tanpa kanthi, lampahipun gêgancangan lumêbêt ing wana, ciptaning manahipun namung badhe ngupados margining pêjah.

Botên kacariyos lampah-lampahipun wontên ing wana, sarêng dumugi ing Jêruk Lêgi (bawah Cilacap) lajêng ngèli wontên ing lèpèn Rêroban sarana gèthèk, ngantos dumugi bêngawan Donan tansah kampul-kampul manut lampahing toya. Sigêg.

Kocapa sakesahipun Côndrajaya, ingkang ibu saklangkung prihatos, ketang trêsnanipun dhatêng anak sanajan warninipun awon. Dene kyai dêmang botên kraos gêtun, malah sangsaya sangêt pangugungipun dhatêng ingkang nèm, mila Singamênggala manahipun sangsaya môngkog, rumaos botên wontên ingkang makèwêdi. Sarêng dipun srantosakên ngantos sawatawis wulan Côndrajaya botên wontên kabaripun, lajêng dipun wilujêngi kados sacaranipun tiyang pêjah.

Sarèhning kyai dêmang rumaos sampun mangsanipun sèlèh padamêlan, lajêng sowan ing kangjêng sinuhun, sarêng kalihan Singamênggala. Munjuk kaparênga Singamênggala ingkang anggêntosi pangkatipun, amargi anak pambajêng ical tanpa lari. Ananging sang prabu botên marêngakên, jalaran ingkang wajib anggêntosi kêdah anak ingkang sêpuh, mila kadhawuhan ngupadosi rumiyin. Wusana lajêng sami mantuk.

Sadumugining griya enggal kaupadosan. Sasampunipun sawatawis wulan mêksa botên kapanggih, kyai dêmang lajêng nyowanakên Singamênggala malih dhatêng Surakarta, nanging sang prabu dèrèng karsa nampi sowanipun, jalaran sampun uninga manawi calonipun dêmang mèh dhatêng. Dados taksih sami nêngga wontên ing pamondhokan.

Mangsuli cariyos, Côndrajaya tansah kambang-kambang wontên satêngahing sagantên. Dilalah sarèhing taksih badhe pinanjangakên lêlampahanipun, botên sagêd pêjah, malah sangsaya gêntur tapanipun. Sarêng dumugi sawetanipun pulo Nusakambangan, kadhatêngan kaki-kaki, mituturi makatên: Côndrajaya, sira tangia, aja bangêt anggonmu matèkake raga, enggal muliha, anggêntèni pangkate bapakmu.

Côndrajaya lajêng tumênga sarwi matur: Kyai, kadospundi anggèn kula sagêd wangsul, tiyang badan kula sampun risak sangêt.

Kaki-kaki lajêng nyêbul sirahipun Côndrajaya kaping tiga, sanalika badanipun kraos kiyat. Ingkang asung pitutur lajêng musna. Botên dangu wontên alun agêng dhatêng, gèthèk katut minggir. Kacariyos mêntasipun Côndrajaya wau wontên ing pasisir Karangbolong. Saking ngriku têrus wangsul dhatêng padununganipun. (Badhe kasambêtan).

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 25, 18 Dulkangidah Je 1862, 26 Marêt 1932, Taun VII.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [385] ---

Ôngka 25, 18 Dulkangidah Je 1862, 26 Marêt 1932, Taun VII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Tatwawara

Pêthikan saking Sêrat Rama

Dados pasêmon awating panggayuh… (Aturipun Anoman dhatêng satriya Rama).

[Dhandhanggula]

nadyan Si Bathara Surapati / môngsa puruna ring Rêksamuka / paran ta pangupayane / liring pakèwêdipun / Rêksamuka anglêlangkungi / jro jurang-jurang guwa / kwèh raksasanipun / ula gêng banaspatinya / kayu-kayu arungkud kèh ori rumpil / singa warak andaka //

ingkang sami angadhang ing margi / mongira samya krura mamôngsa / sêsêngkan jurang pèrènge / watu-watune lunyu / tur tumawing miring anggawing / tan kêna ingancikan / watune gumlundhung / têla-têla isi ula / idêkana pinggire anyêmbur sami / ulanya galak-galak //

saking ngêndi gonira ngunggahi / ana kêdhik iku ingkang rata / tan kobêr dening gajahe / marang talaga adus / pan atusan kang wira-wiri / pêluk-pêluk pinggirnya / jurang lunyu-lunyu / yèn gocekana wit-witan / wit-witane anggawing tur padha êri / êrine mawa upas //

witing kayu pinggir parang curi / yèn candhakên wite sol kewala / padhas landhêp ngatut bae / tumibèng jurangipun / rasaksine banjur nampani / liyan saking paduka / môngsa praptèng suku / tangèh gununge praptaa / ingsun iki aywa mêtuèng wiyati / nora pisan kaduga //

--- 386 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Tatakrama

I.

Garèng : We, hla, disambêr blanggêm (tape gorèng) sêlosin têmênan, tiwas anggonku macak dak kayang bangêt, nganti ngrumasani cahyaning srêngenge ambalêrêt jalaran saka gêbyaring panganggoku kiyi, jêbulane: olèh tandhing padha bangsane.

[Grafik]

Petruk : Wiyah, nèk ngomong kuwi ambok iya aja nganggo disêlani sênggakan, wong nang kuping rasane rada... liyêr-liyêr. Lo, kok wis lumrah wong ana ing ngalam donya kuwi, pambêkane têka arêp dhuwur, arêp canthas, utawa arêp brêgas dhewe, dupèh macak manganggo sêtelan sarta sêpaton, lakune banjur digawe manthuk-manthuk, rumasane wong sajagad padha nyawang kabèh, jarene wong kaya opsir baris sing lagi disawang pacangane. Ora ngrêtia anggone wong akèh padha nyawang kuwi jalaran saka nylêwênèhe, ingatase wujude kaya bonggol gêdhang mêngkono, têka manganggo sing pating glêbyar pating krêlip, lo, kuwi mathuke nang sêsawangan rak padha bae karo jangan mênir sing wis sayub kang diwadhahi ana ing tuwung porsêlin, wujude iya isih: jangan mênir sing wis sayub bae, ora banjur malih dadi: sop makroni...

Garèng : We, hla, a... sêm, dadi mungguh panêmumu, wong kuwi nèk dilairake saka si biyung ditakdirake kaya clurut upamane, arêpa manganggo sing mêntèrèng dikayangapa, wujude iya isih ajêg anyalurut bae. Ora cocog aku, Truk. Nèk nalikane jaman sadurunge Majapaitan, hla, kuwi aku prêcaya yèn sandhangan ora gawe owahe sing nganggo. [ngang...]

--- 387 ---

[...go.] Kala jaman sêmono nèk wis pancèn jênêng satriya, sanadyan mung manganggo ampok-ampok, kang ibarate mung nutupi... dhuwa lolone, ewasamono iya isih kêtara yèn satriya. Jalaran saka mêncoronging cahyane kang nganti mawa teja, wong kala samono para satriya isih dhêmên tapabrata. Balik jamane saiki, sing sok tapabrata kuwi rak sing kêndhile kapêksa kêrêp mêngkurêb, jalaran ora duwe phulus, hla nèk sing jênêng satriya tulèn, sadina... ping têlu dhahare, sèh. Mulane sanadyana satriya sapupu têkuk, nèk jaman saiki kiyi, cahyane iya mêncorong kaya padhanging... jlupak, wong iya nèk ora kambon sêga wadhang sakesuk banjur murus. Mulane ing kene banjur ora ana bedane antarane siji-sijining wong, nèk ora satriya kabèh, iya wong cilik kabèh. Ing sarèhne rata-rata wonge wis padha kabèh, sing kanggo têngêr satriya - nèk kanggone saiki: tuwan, bêndara, dèn bèi lan sapadhane - kuwi mung mêntèrènging panganggone. Wong aku dhewe wis bola-bali ngalami, nèk kabênêr manganggo kaya saiki kiyi, têgêse nganggo opyas (jas bukakan) dhèsi canthèl, sêtelan, kaose lorèng, sêpatune putih, thik kawuwuhan nganggo pèci Indhonesiah, lo, kuwi para supir, utawa kusir dhokar nyêbut nyang aku mêsthi: tuwan, malah nèk tak copot pèciku Indhonesiah, apês ambalêbês iya isih diundang: sinyo. Kosokbaline nèk aku manganggo sing barès, kuwi bêgja-bêgjane iya mung diundang: abang, kakang, malah ana sing ngalokake sing ora-ora. Hla, apa mèmpêr, ta, dupèh aku mlaku dhewe, diêlokake: sêndhiri, jun...

Petruk : Wayah, kuwi rak gêguyone wong Batawi, ana kok banjur dianggêp kayadene sêsêbutan mêngkono. Ora, Kang Garèng, sanyatane salah yèn kowe ngarani tumrape jaman saiki mung sandhang sing bisa ngunggulake darajating uwong, nanging iya kudu nganggo dikanthèni tatakrama. Awit sanadyan panganggone pating pêncorot, pating pêncèrèt, pating pêncirit prasasat kaya Prabu Samawati, nanging nèk tatakramane kaya Lônda dhidhong, wong-wong iya saêpal anggone padha nyingkiri nyang awakmu. Mulane wong urip kuwi kudu sing wêruh mênyang tatakrama, supaya bisa sênêng lan diajèni ing uwong, ayo, Kang Garèng, timbangane nganggur, saiki padha rêmbugan ing bab kiyi, nèk-nèke ana gunane...

Garèng : Hla, kok anèh kowe kuwi, Truk, lagi anu anggone padha rêmbugan ing bab reklasering rak durung tutug, malah kowe saguh arêp ngunci rêmbugane sapisan manèh, nanging ngaton manèh ngatona, pirang-pirang dina jêbul malah: thir, mungup-mungup bae kathik ora.

Petruk : Lo, kowe aja kaliru tômpa, Kang Garèng, niyatku mono iya arêp ngandharake bab reklasering mau sing nganti katam, nanging para priyayi sing padha mirêngake rêmbugane kowe karo aku kiyi, akèh sing padha garundêlan, pangandikane jarene mangkene: Wiyah, iya bosên bênggala aku, yèn sing dirêmbug mung: iklas, yèn kêparêng bae, wong kenene durung

--- 388 ---

kêpengin dipulasara dening nagara, kok mung ngrêmbug buwan-buwèn bae, iya risi. Mara ta, Kang Garèng, apa iya ora sênêp nang wêtêng. Para sing mirêngake mau, saking jêlèh bosêne, nganti têmbung: reklasèrêng, diêlih dadi: iklas, yèn kêparêng. Hara, apa ora marakake wêgah ambanjurake pangrêmbuge, mulane aku banjur mrayogakake ngrêmbug bab liya bae manèh. Ing sarèhne jamane lagi kaya mêngkene, têgêse: jaman bingung, kaya-kaya prêlu bangêt padha ngrêmbug ing bab tatakrama.

Garèng : O, hla iya wong kowe, Truk, Truk, sajakmu kuwi gilapên bangêt saupama nganti digarundêli lan dirasani ing liyan, seje karo aku, nèk dirasani utawa digrêndhêngidigrênêngi. liyan kuwi, malah sênêng, awit jarene banjur suda dosane. Ewasamono ing sarèhning aku kiyi wong nurutan, diajaki mangan enak, iya gêlêm, ditraktir nang resturan, iya nurut, diajak ngêpung tumpêng saingkunge iya andhèrèk, arêp dibayari nonton boskup, iya: môngga, arêp di...

Petruk : Sêtop, sêtop, ana ngakune wong nurutan, sing diturut la kok sing kêpenak-kêpenak bae. Sanadyana sapa bae, nèk diajak sênêng-sênêng, diajak enak-enak kang tanpa ngrogoh kanthonge, iya mêsthi sêmranthale. Wis, wis, rêmbugane padha dilèrèni samene bae dhisik, liya dina bae padha dibanjurake.

Palabuhan ing Banjarmasin.

[Grafik]

Palabuhan ing Banjarmasin, ingkang nuju kakèndêlan ing baita-baita kapal.

--- 389 ---

Pahargyan Komite Rônggawarsitan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 24.

III. Dening R.Ng. Prajasuharta: pamêdhar sabda botên badhe sêsorah, minôngka wakilipun Pakêmpalan Pananggap Surakarta (P.P.S.) namung badhe anglairakên raosing manah. Sampun salêrêsipun manawi sang pujôngga punika dados sarjana ingkang arum asmanipun, nglangkungi kalangkunganipun pujôngga ingkang sampun-sampun, dening saking turun kiwa têngên pancèn asli saking rah kapujanggan. (Bab punika kapratelakakên ing sêrat babad jilid III, Sa- Ta).

IV. Dening R.Ng. Sastraharjendra: pamêdhar sabda ngakêni ing kalangkunganipun sang pujôngga, jêmbar sarta luhuring kawruhipun, sumêbar dados panuntuning para olah kasusastran. Sarta malih mastani yèn sang pujôngga punika tiyang ingkang degelijk sangêt.

Dumugi samantên ingkang sami sêsorah, kasundhul rêmbag saking M.Ng. Yasawidagda, mratelakakên manawi sontên punika wau mêntas maos de Locomotief, mrangguli andharanipun Dhoktor Piso, ingkang andongèngakên lêlampahanipun sang pujôngga. Ingkang punika, rèhning kalêrêsan priyantunipun wontên, usul dhatêng komite, supados nyuwun ing panjênênganipun, kaparênga mêdhar sêsorah. Rêmbag punika katampi dening parêpatan kanthi kêplok mawurahan, ingkang mratandhani panujuning manah. Salajêngipun, andharan wau kajawèkakên dening R.P. Mr. Singgih.

V. R.P. Mr. Singgih: ngandharakên bilih Dhoktor Piso, ugi tumut mahargya Rônggawarsitan, sarana damêl karangan ing sêrat kabar de Locomotief. Ingkang kawrat sêrat kabar wau, nêrangakên kala sugêngipun, barakanipun ingkang ugi kagolong sarjana kasusastran inggih punika Kangjêng Gusti Mangkunagara IV lan swargi L.F. Winter. Kapujanggan dipun têrangakên, botên namung tiyang ingkang kathah karang-karanganipun sêrat kemawon, ugi ingkang mulang sarta nênuntuni kasampurnaning kabatosan saha mulang paugêraning agêsang. Kapratelakakên babad Jawi bedanipun kalihan babad kilenan. Misuwuripun malih, sambêt kalihan buku ingkang anggambarakên jaman (jôngka) sanajan punapa inggih sagêd nocogi, ewadene sagêd tumanêm ing raosipun tiyang kathah.

Wawasan saking Dr. Piso punika, sagêd nambahi aosing pahargyan, dene botên namung bôngsa piyambak kemawon ingkang ngakêni ing kalangkunganipun, sanajan bôngsa sanès ugi wontên ingkang tumut mêmuji kaluhuraning asmanipun ingkang sampun suwargi. Saya malih mirit suraosing andharan, sagêd anggamblangakên prakawis warni-warni ingkang gêgayutan kalihan kawontênanipun sang pujôngga.

Dumugi samantên sampun têlas sêsorahing pahargyan, wanci sampun jam satêngah 12, pêpanggihan katutup kanthi wilujêng.

Enjingipun para komite ngawontênakên darmawisata (excursie) dhatêng pasarean ing Palar, ingkang palapuranipun kados ing ngandhap punika.

--- 390 ---

Pahargyan wontên ing Palar.

Pangkating komite saking Baron jam ½ 9, kalihan priyantun saking Madiun wontên tigang motor. Wontên ing margi sêsarêngan kalihan motoripun Tuwan Minêmah, guru ing A.M.S. sarta ingkang dipun tumpaki kalihan murid-muridipun. Dumuginipun ing Palar watawis jam satêngah sadasa.

[Grafik]

Pasareanipun sang minulya Radèn Ngabèi Rônggawarsita, ing Palar.

Wiwit malêbêt ing kitha Bèji, ing samargi-margi sêlur lampahing têtiyang padhusunan kanan kering ingkang sami dhatêng pasarean. Dumuginipun pasarean, sampun kathah sangêt têtiyang ningali, saya dangu saya kathah. Makatên ugi para priyantun ing Bèji inggih kathah ingkang sampun sami dhatêng ngrumiyini. Motor sadaya wontên gangsal wêlasan, dèrèng kreta pintên-pintên kathahipun.

Tiyang saking têbih-têbih, Madiun, Kêdhiri, Sêmarang, Purwarêja lan sanès-sanèsipun ugi wontên, malah dhatêngipun sampun kalih tigang dintênan, nyipêng wontên ing Palar.

Wakil sêrat kabar ingkang katingal: Darma Kôndha, Kumandhang Rakyat, Sêkar Lathi, Aksi, Sêdyatama lan Kêjawèn.

Priyantun ingkang rawuh R.T. Mangundipura, dene ingkang wadana ing Bèji rawuhipun sampun siyang, amargi nyarêngi parêpatan P.P.B. ing Klathèn.

Watawis jam sadasa, pangarsa ambukani pambikaking pahargyan, sarana ngaturakên panuwun dhatêng ingkang sami rawuh, dhatêng ingkang wadana ing Bèji lan sadaya priyantun ingkang sami ambiyantu adêging bangsal. Pangarsa anggêlarakên mulabukanipun komite, sêdya lan ingkang dipun adani: damêl babad, wilujêngan sarta yasa bangsal. Sadaya wau sampun sagêd kalaksanan awit saking sih pitulunganipun para priyantun ingkang sami paring kadarman. Ingkang makatên wau, amargi saking brêkahipun ingkang sumare. Mila pangajêng-ajêngipun, mugi-mugi sadaya ingkang sampun ngatingalakên cihnaning katrêsnanipun punika, sagêda angsal sawabipun ingkang sampun sumare.

Sasampunipun rampung andharanipun pangarsa, sadhèrèk Wignya Adijaya nyambêti. Nêrangakên sapintên lêlabêtanipun ingkang sampun swargi, numrapi dhatêng kita sadaya, saya malih ingkang gandhèng kalihan basa lan kasusastran Jawi, agêng sangêt aosipun, mirit ing lêlabêtanipun, pahargyan ingkang namung samantên punika, ing raos kirang timbang kalihan ing lêlabêtanipun. Juru sabda ugi mratelakakên [mra...]

--- 391 ---

[...telakakên] andharanipun Dhoktêr Piso, ingkang kawrat wontên ing de Loc. wêdalan tanggal ping 12 wulan punika = (ingkang sampun karêmbag kala malêm Minggu. Sa - Ta).

Panutuping andharan, juru sabda mêmuji dhatêng kalangkunganipun sang pujôngga sarta lêlabêtanipun ingkang agêng aosipun wau, mugi sampun kita tambuhi, ingkang sarananipun kêdah ngatingalakên agênging pambiyantu.

Andharanipun sadhèrèk Wignya Adijaya punika katanggapan dening sadhèrèk Sumadirja, ingkang angakêni katrêsnanipun bôngsa Jawi dhatêng kaluhuranipun sang pujôngga, pancèn sagêd rumasuk ing sanubari. Makatên ugi manawi dipun pirit, kalaksananing sêdyanipun komite, punika kenging kangge titikan sapintên agênging katrêsnanipun ngakathah.

Pangarsa ngaturakên panuwun sarta lajêng anggunting pita gula klapa ingkang tumangsul ing bangsal, lan ingkang sami rawuh dipun suwun lêlênggahan.

Nalika punika têtiyang ingkang sami ningali kathah sangêt, jalêr èstri jêjêl apipit, kathah ingkang sami nyêkar malêbêt dhatêng cungkup. Jam satêngah 11 bibaran, ewadene ingkang kantun inggih kathah.

Juru mèngêti.

Sa- Ta.

Kawruh Sawatawis

Masjid Agêng ing Surakarta

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 24)

[Asmaradana]

aku ora susah mêling / lan ninggali kang nèng omah / supaya sêdhêng pangane / sajrone dak tinggal lunga / marang ing masjid Dêmak / nglakoni ayahan ratu / dhèrèk priyayi ngulama //

mangkya dènira lumaris / enggaling kang cinarita / wus prapta ing alun-lun lèr / nêkuk ngilèn lampahira / lajêng anjog gapura / gapuraning masjid Agung / ugi masjid Surakarta //

tandhu lon-lonan lumaris / mlêbêt korining gapura / mangkya wau winiraos / sarêng malêbèng gapura / jlêg salin sêsipatan / sirna sêsipatanipun / masjid Gêng ing Surakarta //

Mêsjid Dêmak kang kaèksi / kyai tumulya ngandika / dhatêng bau sadayane / kônca bau waspadakna / pun têkan masjid Dêmak / kèndêl nyawang sakanipun / kula têng masjid sêmbahyang //

sampeyan kèndêla ngriki / angêntèni antuk kula / lan êngga kula sung prêsèn / rong ringgit akèhing arta / mang êdum kang warata / mring kônca bau sadarum / luwung-luwung kangge jajan //

lan niki dhuwit sarispis / mang wèhke dhatêng sing jaga / Mad Dali juru têbahe / niku juru kunci rehan / masjid Gêdhe ing Dêmak / kèn golèkke angsul-angsul / ajêng konjuk jêng sang nata //

pace sukun glagah wangi / sarta kêmbang parijatha / widara putih kapate / tanêman lèr pasarean / astana masjid Dêmak / kabuntêla kang barukut / ampun kècèr ontên marga //

kyai sigra malbèng masjid / manggèn wontên salèr mimbar / gya jèrèng pasujudane / saksana salat [sa...]

--- 392 ---

[...lat] takiyat / kalih rêkangat salam / gya salat tasbèh anjukung / atanapi salat kajat //

lajêng tapakur mêmuji / watawis pukul sawêlas / andulur sêlur praptane / para muslimin ing Dêmak / sêdya salat Jumungah / gantya wau kang kawuwus / kapala bau galadhag //

manabda mring rowangnèki / dhuh kônca bau galadhag / lakon iki luwih anèh / duk lumaku anèng dalan / cêtha ing Surakarta / saiki salin pandulu / jêbul salin masjid Dêmak //

sanyata Kyai Jamsari / waliyullah kang minulya / pratandhane wus katonton / Surakarta karo Dêmak / iku rak ora cêdhak / samêngko kêna ginulung / Dêmak lawan Surakarta //

ginulung wus dadi siji / mula kônca bau gladhag / ora rêkasa lakune / sarta kyai enak-enak / nèng tandhu lêledhangan / lan mêmuji mring Hyang Agung / sanyata iku karamat //

cêtha pasêksène maning / iku kang padha Jumngahan / harak wong ing Dêmak kabèh / awit panganggone beda / karo wong Surakarta / ywa sêmbrana kônca bau / kang saka tatal kawuryan //

lurah bau gya ngulari / ring Amad Dali wus panggya / winartanan saliring rèh / miwah kasukanan arta / kathahe sarupiyah / Amad Dali matur nuwun / sigra-sigra angupaya //

tan dangu gènnya ngupadi / sadaya wau wus angsal / tan kuciwa wêwêlinge / binuntêl pininta-pinta / yun kangge angsal-angsal / lajêng kamot dening tandhu / badhe konjuk sri narendra //

sarêng jam dwi wêlas wanci / kanang bêdhug gya tinatab / jumêgur agêng swarane / pra janma saya kèh prapta / datan kenging winical / jro masjid jêjêl supênuh / surambi kèbêkan janma //

sami ngibadah mring Widhi / wontên ingkang ngaos Kuran / maos salawat lan tasbèh / istihpar miwah dadonga / gumuruh kang suwara / sarêng sampun kèndêl bêdhug / para muadin saksana //

maos ayat ganti-nti /Kurang satu suku kata: maos ayat ganti-ganti. nèng lotèng masjid ring lèrnya / gya adan sarêng swarane / ing sarampungipun adan / sadaya lajêng salat / sunah kobliyah ranipun / sasampuning sami salat //

muadin amung sawiji / sigra maos mangasêral / satamating pamacane / kiyai khatib saksana / minggah dhumatêng ing mimbar /Lebih satu suku kata: minggah dhatêng ing mimbar. kutbah swara nganyut-anyut / karya trênyuh kang miyarsa //

andêdonga dèn amini / satamating andêdonga / muadin kamat ge-age / lajêng ngadêg salat Jumngah / kalih ingkang rêkangat / sasampuning salat parlu / wajibing dintên Jumungah //

saksana salat ngawatib / sunat bakdiyatal Jumngah / warna-warna wiridane / sawatawis gya bibaran / sami asêsalaman / Kyai Jamsari winuwus / kagolong kantun priyôngga //

dumugi satêngah kalih / kiyai lon-lonan mêdal / saking jro mêsjid Dêmake / botên dangu wus pinanggya / lawan bau kapala / Ki Jamsari ngandika rum / dhuh sanak bau kapala //

punapa wau pun olih / kang minôngka angsal-angsal / badhe konjuk sang akatong / kapala bau turira / sadaya sampun angsal / punika kamot jro tandhu / kyai langkung trusthèng driya //

dadya angandika aris / sukur-sukur yèn pun angsal / têngga mantuk alon-alon / dhatêng nagri Surakarta / munjuk jêng sri narendra / kyai sigra nitih tandhu / bau kapala manabda // Badhe kasambêtan.

Pr. P.

--- 393 ---

Jagading Wanita

Têtandhingan Endahing Warni

Pinanggihipun wontên ing tanah Eropah, Amerikah tuwin Asiah, kêrêp wontên têtandhingan ing bab endahing warninipun para wanita.

Ing bab têtandhingan punika warni-warni, botên ngêmungakên ing bab warni kemawon, wontên ingkang ngêbên bab swara, tuwin sanès-sanèsipun.

[Grafik]

Tamtunipun ing bab têtandhingan warni punika pinanggihipun inggih kêdah nocogi kalihan raosing kabangsan, awit ingkang sagêd nocogi yêktos dhatêng kawontênan wau limrahipun namung pinanggih dhatêng ingkang nunggil bôngsa, dene marojolipun saking raos ingkang kados makatên wau, jalaran saking sampun pasrawungan. Upaminipun bôngsa Walandi ingkang sagêd mastani ayu bagusing tiyang Jawi, inggih jalaran saking sampun kulina nyawang tuwin nyumêrêpi wujud kawontênanipun tiyang Jawi. Nanging sanadyan mathuking raos tumrap kabangsan wau nama sampun limrah, ugi taksih dipun pêcah malih dhatêng cocogipun manahipun piyambak. Upaminipun bôngsa Jawi, punika sagêd mastani dhatêng saening warnipunwarninipun. sanès bôngsa, nanging raosipun mêksa botên srêg kalihan nyawang warnining bangsanipun piyambak, ewadene manawi nyawang dhatêng saening warninipun bôngsa piyambak wau taksih gadhah pamilih kalihan cocoging manahipun. Mênggah tôndha yêktinipun, tiyang ingkang sagêd mastani saening warninipun pun anu, taksih mawi dipun kanthèni ungêl: nanging malandèni.

Manawi dipun manah sayêktos, têtandhingan warni punika limrahipun namung pinanggih wontên ing tiyang ingkang sarwa kasêmbadan, awit gêgandhenganipun inggih kêdah sarana ngadi busana, ingkang botên sakêdhik waragadipun. Ing bab punika kados para maos sagêd miridakên kalihan cara panyandhangipun wanita bôngsa Eropah, awising pangangge botên saking mas sêsotya, namung lugu saking bangsaning barang sêmbêt, nanging sanadyan barang sêmbêt, waragadipun [waraga...]

--- 394 ---

[...dipun] ugi botên sakêdhik, malah ing bab caraning nyandhang ngangge wau kalêbêt satunggiling kaborosan.

Kajawi bab pangangge tumrapipun tiyang ngrêrêngga badan, inggih mawi wêdhak pupur tuwin sanès-sanèsipun, ingkang sarwa sae tuwin anggadhahi daya, punika inggih botên gampil dipun tindakakên ing sabên tiyang, jalaran saking botên sakêdhik waragadipun.

Cobi para maos kula aturi mriksani gambar sawalik punika, punika gambaripun para wanita ing Eropah ingkang sami têtandhingan ing bab endahing warni. Ing sadèrèngipun kacariyosakên pundi ingkang kapilih dados têtunggul endahing warni, kapriksaa pundi pantês-pantêsipun ingkang pinunjul, nanging samantên wau kintên-kintên inggih botên tilar nalar. Ing sadèrèngipun, prayogi mriksanana sandhang panganggenipun rumiyin, awit sandhang pangangge punika ugi anggayut ngendahakên warni. Mila tumraping sandhang pangangge, pinanggihing wangun, corak tuwin sanès-sanèsipun, ugi wontên kawruhipun, sintên ingkang sagêd matrapakên, pinanggihipun sagêd angindhakakên sêmu.

[Grafik]

Para wanita ingkang sami ngêdali dhatêng kalangan wau saking nagari pundi-pundi, ingkang wontên ing nagarinipun sampun pilihan, dene papaning têtandhingan wontên ing Paris, satunggiling nagari ingkang sampun misuwur dados papan kabiraèn. Dados mênggahing nalar, para ingkang malêbêt ing papan têtandhingan wau sami botên kuciwa ing warni. Nanging sarèhning wontênipun ing papan ngriku lajêng amor têtunggilan kalihan para sulistya ing warni, punjuling warni wontên ing nagarinipun piyambak, dèrèng tamtu punjul wontên ing ngriku.

Ing ngriki kapratelakakên rumiyin, wanita-wanita ingkang têtandhingan wau asli saking praja môncanagari, gambar ing ngajêng saking sisih kiwa: Ruslan, Jêrman, Inggris, Bèlgi, Dhènêmarkên, Sêpanyol, tuwin Pèru. Wingking saking sisih kiwa: Argèntinê, Prancis, Honggari, Itali, Rominiah tuwin Yugèslapiah. Dene ingkang dipun pilih dados têtunggul, saking Dhènêmarkên. Lajêng angsal sêsêbutan mis Eropah.

Mirid ingkang kapilih wau tamtunipun sampun mawi panimbanging para ahli dhatêng bab saening warni.

Manawi mirid kawontênan, bôngsa Jawi punika sawanganipun kathah mathukipun dhatêng sawangan wetanan, amargi kathah titik ingkang ngiribi. Upaminipun bab kulit, ingkang sagêd anocogi: ambêngle keris, nêmu giring tuwin mrada binabar, namung pakulitan wetanan, makatên ugi ing bab rambut. Dene ingkang ngiribi mênggahing sawangan, pinanggihing wanita Jêpang. Ingkang sumandhing punika têtungguling kasulistyan tumrap wanita Jêpan, nama Nonah Tonuneko Tawara, ing praja Tokoejama.

Dene mênggahing bab kasulistyaning warni, tumrapipun wontên ing tanah ngriki, dèrèng wontên ingkang nindakakên abên-abênan, amargi taksih kapakèwêdakên dening tatakrama.

--- 395 ---

Pawartos Wigatos

Pitêdah tuwin Pamrayogi Sawatawis Kangge Jêmaah Haji

Sambêtipun Kajawèn nomêr 23.

Sadaya jêmaah saking tanah Igiptê ingkang dhumawah ing kasangsaran kawênangakên nyuwun pitulunganipun, ingkang mêsthi awujud têtêdhan sawênèh awarni pangangge. Kawartosakên adêging kabudidayan punika mêdal saking kêkiyatan tuwin ada-adaning pribumi piyambak.

Manawi kagalih ingkang sayêktos, upami pangarsaning pakêmpalan-pakêmpalan agami tuwin para ulama lajêng ngrêsakakên anggalih bab punika, sarta lajêng adamêl ada-ada anulat bôngsa Mêsri wau, têmtunipun sakalangkung agêng pigunanipun, pinanggihipun badhe sagêd mayarakên sawatawis mênggahing kasangsaranipun para jêmaah.

Wontêning atur makatên punika, amargi botên sakêdhik cacahing tiyang ing tanah ngriki ingkang nyuwun pitulunganing takiyah Mêsri wau, kadugi jalaran saking kapêksanipun kemawon. Punapa punika botên nama mêmêlas.

Mutawatosi kanggening umum, bilih jêmaah ingkang sami kacingkrangan wau, lajêng adamêl tindak ingkang kirang prayogi dhatêng sasamining jêmaah.

Malah sawênèhing bôngsa mukim, inggih punika ingkang sampun lami wontên ing tanah Arab wau, wontên ingkang adamêl pitênah utawi apus-apus dhatêng bôngsanipunbangsanipun. ingkang nêmbe dhatêng, ethok-ethokipun têtulung, trêkadhang wontên ugi ingkang purun anjêlomprongakên mawi ngajrih-ajrihi supados nindakakên punapa kemawon, ingkang anjalari dados kauntunganipun.

Eraming manah punika, anggèning matrapakên tindak makatên wau ingkang kathah-kathah têka ngêmungakên dhatêng bangsanipun kemawon. Punapa punika kabêkta saking êmpuk, êmpuking tiyang tanah ngriki utawi saking sabab sanès, punika namung nyarahakên dhatêng para maos.

Sayêktosipun bilih katandhing kalihan jêmaah saking sanès nagari, para haji saking tanah ngriki punika katingalipun sakalangkung êmpuk-êmpuk, tur malih bilih kawaspadakakên kados-kados botên anggadhahi daya kêkiyatan, bilih dhatêngipun ing tanah Arab punika kanthi angêdalakên waragad saking kanthongipun piyambak, kanthi adus kringêt.

Sadaya tiyang ingkang sampun nate wontên ing tanah Arab têmtu sampun nate mirêng têmbung: bagar: inggih punika atêgês: lêmbu.

Saking tansah kèndêlipun, jalaran botên wontên suwantênipun, punapa malih nurutan, enggal sangêt ngandêlipun, kawêwahan gampil-gampil uculing artanipun, pramila lajêng kaparaban kados bagar wau. Dados sampun kathah wêdaling artanipun wêwah-wêwah kasêbut kados lêmbu. Badhe kasambêtan.

Kula pun Nik.

--- 396 ---

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

Bab dagang lintonan.

Saya dangu têka saya angèl pamilihipun bab-bab ingkang mathuk kangge obrolan ing dintên Saptu punika. Pancènipun makatên inggih kathah prakawis-prakawis ingkang ragi gandêm saupami karêmbaga minangka kangge obrolan wontên ing Kajawèn ngriki, nanging... lo, mênika angèlipun, manawi botên kirang pangatos-atosipun, sok lajêng wontên ingkang kêlintu panampinipun. Dumèh ngrêmbag karukunanipun bangsa Tionghoa kalihan bangsa Jêpan kemawon, lajêng sampun wontên ingkang nglairakên gagasanipun kanthi ha-ngê-la-ngut, ingkang botên-botên. Amila sajatosipun makatên kula sampun ragi jimbit damêl obrolan wontên ing dintên Saptu, nanging, e, dilalah, ujug-ujug kula têka kèmutan cariyosipun dhalang, ingkang kados-kados sae saupami kangge bêbukaning obrolan ing dintên punika. Mênggah cariyosipun kyai dhalang ingkang kula èngêti wau, kirang langkung makatên:

dhrog, dhog, dhog, dhog. Saking kontab prabawaning sang prabu, para mancanagara sami suyud sumungkêm, nungkul datan saking pinukul ing prang, namung saking kasok pêpoyaning kautaman, bêbasan ingkang cêlak manglung, kang adoh tumiyung, sami atur bulubêkti, glondhong pangarêng-arêng, gurubakal gurudadi.

Namung samantên cariyosipun kyai dhalang ingkang kula èngêti. Dene ingkang badhe kula rêmbag wontên ingriki namung ungêl-ungêlan ingkang wontên ing wingking, inggih punika ingkang mungêl: "... sami atur bulubêkti, glondhong pangarêng-arêng, gurubakal gurudadi."

Ungêl-ungêlan makatên punika nuwuhakên gagasan kula warni-warni. Mênggah ingkang tansah dados pitakenan ing salêbêting sanubari kula, punika mênggah pikajênging têmbung: bulubêkti. Manawi nitik wontênipun barang-barang ingkang dipun bulubêktèkakên, inggih punika: "glondhong pangarêng-arêng, gurubakal gurudadi", sajakipun têmbung bulubêkti punika tunggil chèh kalihan: pisungsung utawi punjungan. Nanging kados-kados ingkang nama pisungsung utawi punjungan punika cakipun namung ing kalamangsa kemawon, dados inggih botên ajêg. Upaminipun kemawon priyantun ngandhap nyaosi gramèh utawi tambra dhatêng pangagêngipun, punika kenging dipun wastani: misungsung utawi munjung. Anggènipun nyênyaosi wau namung ing kalamangsa kemawon, manawi nuju manahipun kalêgan, utawi manawi kêpengin... dipun trêsnani upaminipun. Ing sarèhning misungsung utawi munjung punika namung dhawah ing kalamangsa kemawon, dados botên ajêg, inggih lajêng botên prêlu dipun pèngêti. Sarêng bulubêkti punika sajakipun pisungsung ingkang ajêg, tandha yêktinipun tansah dipun sêbut-sêbut, dados tansah inggih dipun pèngêti. Amila pêpuntoning gagasan kula, atur bulubêkti punika pikajêngipun botên sanès, kajawi: asok pajêg.

Para maos têmtunipun wontên ingkang lajêng anjêngèk: "Wèh, kok le mayar. Ana bayar pajêg têka kêna mung nganggo barang bae. Apa kala samana nagara durung doyan dhuwit?"

Wah, la punika angèl anggèn kula badhe ngaturi wangsulan. Jalaran ingkang nama bulubêkti ingkang kaandharakên inginggil, punika namung saking cariyosipun kyai dhalang, lan punapa ing kala samantên sampun wontên "fulus", punika inggih dèrèng sagêd katêmtokakên. Ewasamantên cara bayar pajêg ingkang tanpa arta, nanging mawi barang, punika botên kalêbêt ing dêdongengan kemawon, ing tanahipun piyambak ngriki kala rumiyin inggih sok katindakakên.

Para maos kados taksih wontên ingkang sami ngalami, kala jaman 1900-san ing tanah Kajawèn (Sala-Ngayogya), para abdi dalêm minggahipun para luhur, sami kagadhuhan siti minangka têdha utawi dhaharipun. Mênggah paos ingkang kasanggi ing bêbêkêlipun dhusun-dhusun wau sadaya prasasat awujud wulu pamêdalipun siti ngriku tuwin ubarampe sanès-sanèsipun kabêtahaning lurah patuhipun sawatawis, kados ta: tangsul duk, lisah, lawe lan sasaminipun. Dene ingkang wujud arta botên sapintêna, inggih punika namung kangge lêlintuning barang ingkang botên sagêd ngawontênakên tuwin panêbasing padamêlan.

Dados lampahing lurah patuh kalihan bêkêlipun dhusun wau dèrèng katingal ngrêkaos kados jaman samangke, ingkang barang-barang kêdah awujud arta. Mila sarêng awis arta, lurah patuh dalah bêbêkêlipun sami rêkaosipun, jalaran lurah inggih bêtah arta, bêkêl inggih bêtah arta. Lurah taksih ragi sakeca, sabab namung saprentah, nanging tiyang dhusun satêngah pêjah, dening andadak kêdah nyadèni wulu pamêdaling siti, ingkang rêkaos pêpajênganipun, bilih botên kasade dhatêng liyan bangsa, tur ingkang wusananipun "amakan tuwan" wangsul dipun tumbas gêntos dhatêng sadhèrèk dhusun kalayan rêgi awis.

Inggih kala samantên kenging dipun wastani dèrèng sapintêna rêkaosipun tiyang, awit taksih ragi ènthèng

--- 397 ---

sanggènipun. Sarêng samangke dhusun sampun lêlawanan piyambak kalihan praja, botên kalihan lurah patuh, wadhuh, kados punapa rêkaosipun, botên prêlu kula andharakên ingriki, tiyang kasat mripat.

Sayêktosipun saupami têtiyang dhusun punika botên kapêksa kêdah ngawontên-wontênakên arta, jalaran kêdah ambayar paos ingkang wujud arta wau, kados-kados rêkaosipun inggih botên badhe sangêt-sangêt kados ing jaman samangke punika. Awit miturut kabar, pawêdalipun siti umumipun sae. Têgêsipun: ingkang dipun têdha sabên dintên anyêkapi. Malah miturut pawartos ing sêrat-sêrat kabar, kabêtahan padintênanipun sanès-sanès, kados ta: lisah, sata, kopi, gêndhis, tèh lan sasaminipun inggih botên kapintên. Jalaran têtiyang dhusun wau kathah ingkang sami nindakakên: dagang lintonan. Inggih punika tiyang ingkang gadhah wos, ing mangka bêtah dhatêng gêndhis, wosipun wau lajêng kalintokakên dhatêng tiyang ingkang gadhah gêndhis. Manawi bêtah tèh, gêgadhahanipun wau lajêng kalintokakên tèh, makatên sapiturutipun. Dados saupami botên lajêng kapêksa kêdah ambayar pajêg ingkang awujud arta, pancènipun tiyang dhusun inggih kathah ingkang sami ayêm lan leha-leha sayêktos.

Maos andharan kula inginggil, para maos têmtunipun lajêng wontên ingkang alok makatên: "Jarene nagara kuwi sing diudi kêslamêtan, katêntrêman lan kasênêngane para kawula. saiki apa ora tiba wêktune ambuktèkake pambudidayane sing utama bangêt mau, yaiku sarana amarêngake para kawulane, kang pancèn ora bisa bayar pajêg sing awujud dhuwit, ambayar pajêge mau sarana barang utawi wulu wêtuning lêmahe. Awit bêras, jagung, kêtela lan sapêpadhane, kaya-kaya nagara sabên dinane pancèn butuh, yaiku kanggo ngrangsum para saradhadhu, prajurit kapal, prantean lan sapiturute."

Panyaruwe ingkang makatên punika pancèn inggih lêrês sangêt. Malah kenging dipun wêwahi rêmbag, supados para punggawaning nagari samia kablanja saperangan mawi: wos upaminipun, awit sanadyan ndara-ndara priyantun rak ugi ambêtahakên uwos ing sabên dintênipun. Punika inggih lêrês malih. Nanging badhe sapintên ing têmbe repotipun, kados-kados angèl gagapanipun. Kaparênga kula mratelakakên sawatawis mênggah ingkang dados karepotanipun nagari, manawi para priyantun saperangan saking blanjanipun kabayar mawi wos upaminipun.

Para maos kêdah angèngêti, bilih satunggal-satunggaling priyantun punika beda-beda kathahing bêtihipun.batihipun. Dados manawi nagari badhe anyumpi dhatêng para priyantunipun, inggih kêdah angèngêti dhatêng batihipun satunggal-satunggalipun priyantun wau. Jalaran manawi panyumpinipun kêsêkêdhikên, têmtu botên anyêkapi; kosokwangsulipun manawi kêkathahên, sagêd ugi kêlampahan wontên priyantun dados... juragan uwos. Kajawi punika gèk sapintên rèbyèging pakaryan administratie ingkang wajib ngurus bab prakawis punika. Botên kenging botên têmtu badhe mêwahi kathahing priyantun ingkang sami dipun piji nindakakên padamêlan punika.

Wondene tumrap usul anyêkapi têdhanipun para militèr, prajurit kapal, pasakitan lan sasaminipun, punika pancèn wontên saenipun, saupami satunggal-satunggaling panggenan dèrèng wontên ingkang nyanggi uwos wau kalihan prajanjian kontrak, ingkang ngantos 5 dumugi 10 taun laminipun, saha bilih dipun pêdhot badhe nuwuhakên karugian agêng tumrap nagari. Dados bab punika inggih angèl sangêt tumindakipun.

Wusana angsal-angsalaning pamanggih kados botên wontên pakèwêdipun, saupami nagari kaparêng anampèni paos saking para kawula awujud wulu pawêdalipun anggèning sami têtanèn, kados ta ingkang awarni uwos, palawija lan sapanunggilanipun. Lah badhe kadospundi tumindak tuwin tatananipun, mbokmanawi langkung prayogi nagari lajêng ngawontênakên gudhang-gudhang kangge wadhahing wulu pamêdal saking para kawula tani, gêgêntosing paosipun wau.

Samangke bilih sagêd kalêksanan, pawêdal wau kêdah lajêng kadhapur kadosdene lampahing Cooperatie, têgêsipun pambage utawi panyadenipun dhatêng para priyantun mawi katamtokakên tumbas dhatêng gudhang nagari, punika ingkang dados kabêtahanipun tuwin ingkang sampun kasadhiyakakên wontên ingriku, miturut pêpetangan saha bêtahipun piyambak-piyambak.

Makatên punika taksih petang kotoran, sawêg nama namung kangge ancêr-ancêring lampah kemawon, murih saening panindak têmtu wontên rêmbag malih ingkang langkung panjang tuwin kêdah wontên juru panaliti ingkang nyatitèkakên bab punika.

Dados ingriki sajatosipun namung gatra rancangan, ingkang wosipun murih sagêda salaras kalihan kawontênaning jaman mêlasasih punika. Ewasamantên sanadyan bab punika têmtu sampun wontên panggalihipun para pangêmbat praja, ingkang kenging dipun jagèkakên badhe murakabi dhatêng kawula alit sadaya.

Botên langkung sarèhning bab punika babagan prakawis praja ingkang langkung gawat, dados ingriki namung tansah angajêng-ajêng runtuting sêsambêtanipun pamarentah kalihan ingkang pinarentah.

Makatên aturipun pun PÊNTHUL.

--- 398 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI.

Korban fonds P.P.P.H. Kawartosakên, korban fonds P.P.P.H. ingkang dipun tindakakên dening Dr. Sukiman sampun sagêd ngêdalakên arta f 5000.- kangge ambiyantu dhatêng para punggawa pagadean ingkang sami dipun kèndêli.

Pinuji widadaning tindak kados makatên punika mugi sagêda nyarambahi dhatêng ingkang sami angsal pitulungan.

[Grafik]

Kapal Mariposa. Ing Tanjungpriok mêntas wontên kapal labuh asli saking Amerika, nama Mariposa, gadhahanipun Matson Navigation Company, ingkang nindakakên layaran saking San Francisco (Amerik) dhatêng Sydney (Australie) sabên 17 dintên. Kapal wau panjangipun 632 kaki, wiyaripun 79 kaki, namung isi klas 1 tuwin 2, cacah 704. Ing sabên kamar mawi tilpun, pirantos nampèni utawi kintun radio dipun wontênakên sabên zaal, gambar idhup wicantên, papan lêlangèn, papan main tènis tuwin sanès-sanèsipun sami kawontênakên.

Baita wau kenging dipun wastani nagari ngambang. Bangsa ngriki sawêg sagêd gumun.

Guru wanita dipun prajaya. Wontên pawartos, guru H.I.S. ing Salatiga nama Nyonyah Joa, dipun prajaya mawi lading dening jongos pamulangan, guru wau nandhang tatu rêkaos.

Mênggah sabab-sababipun ngantos pinanggih lêlampahan kados makatên, dèrèng kasumêrêpan, mila dèrèng sagêd mastani dhodhok sèlèhing lêrês lêpat. Nanging tumraping tiyang jalêr mrajaya tiyang èstri, punika sampun katingal bilih anêmpuh tiyang pangawak ringkih.

Gara-garanipun pasulayan Al Irsyaad kalihan golongan Ba'alwi. Gêgayutan kalihan pasulayan Al Irsyaad kalihan Ba'alwi ing Bêtawi, kawartosakên golongan Ba'alwi badhe gadhah paturan dhatêng parentah, supados Tuwan Sech Ahmad Soorkatie dipun singkirakên saking tanah ngriki.

Sêrênging pasulayan golongan kalih wau ngantos katingal sangêt, tur punika kenging dipun wastani tunggil bangsa. Samantên wohipun tiyang badhe ngudi bêbênêran.

Mriksa tiyang angguran. Wontên pawartos, Arbeidsinspectie ing tanah Jawi tuwin Madura badhe nindakakên papriksan ing bab kawontênanipun tiyang angguran. Anggènipun mriksa badhe kawiwitan benjing tanggal 1 April. Ing sadèrèngipun pangagênging pakaryan wau badhe musawaratan wontên ing Surabaya rumiyin.

Tindak wau sanajan dèrèng katingal wohipun, nanging sampun damêl ayêm. Sukur pangetang wau dipun sarêngi kalihan tumindaking pitulungan, nama cekad-cèkêd.

Wosipun nêdya ngirit. Pangadilan Landgerecht ing Ngayogya mêntas ngrampungi prakawis wontên ing kadistrikan Playèn, cacah 50 prakawis langkung. Sadaya ingkang karampungan ukum dhêndha sami botên sagêd bayar, sanadyan namung f 0.50 ugi trimah anglampahi paukuman.

Tiyang punika manawi sampun kapèpèt tuwin kecalan pambudidaya, kawontênanipun ngantos pinanggih kados makatên. Inggih tiyang manawi sawêg rêkaos, sanadyan arta namung sasèn kalih sèn, mêksa rêkaos anggènipun pados.

Suara Umum basa Jawi botên kawêdalakên malih. Benjing tanggal 1 April ngajêng punika, sêrat kabar Suara Umum basa Jawi botên kawêdalakên malih, kakantunakên ingkang basa Malayu kemawon. Têmtu kemawon kèndêlipun wau ugi anggayut angèndêli redacteuripun. Nanging lajêng wontên usul, supados sêrat kabar wau kawêdalakên dados kalawarti ingkang isi kawruh-kawruh wigatos.

Samantên pakèwêdipun ngêdalakên sêrat kabar, sanadyan wêdalipun sêrat kabar kêkalih punika saking tangan satunggal, ugi kapêksa ngawonakên sêratipun ingkang kawon daya. Margi manawi mirit wêdalipun Suara Umum basa Jawi sakawit, ing pangintên tumuntên sagêd saya agêng, awit kabaripun dipun rêmêni dening sawaraniningsawarnining. golongan, dumugi ingkang tataran andhap pisan. Manawi mirit kamajênganipun sakawit, kèndêlipun S.O. basa Jawi wau sagêd ugi botên jalaran dupèh kajejeran S.O. basa Melayu, nanging jalaran saking jaman malèsèt, tumrap tataran ngandhap kapêksa ngirit bêtah. Pinuji S.O. basa Jawi wau sagêda gêsang malih.

Waragad paboyongan. Directeur B.B. tampi palilah ngangge arta f 20.000 kangge waragad-waragad ingkang gêgayutan kalihan bab lampahing têtiyang saking tanah Jawi ingkang boyong dhatêng Sumatra sisih kidul.

Tindakipun parentah anggèning ngobètakên panggêsanganing kawula mugi sagêda nyarambahi dhatêng para kasangsara.

Botên saèstu mindhah papan pambucalan. Ing bab milih papan pambucalan enggal, ingkang kangge lêlintu pambucalan Digul, ing sapunika sampun wontên karampunganing parentah, botên saèstu.

Punika satunggiling panênggak kaborosan.

Sudan balanja ing Kasultanan Ngayogya. Kawartosakên para abdi dalêm ing Kasultanan Ngayogya sampun kalampahan kasuda blanjanipun 10%, wiwit tanggal 1 wulan Maart punika.

Bab punika tumrap ing Surakarta ugi sampun tumindak. Dados botên damêl kamèrèn.

--- 399 ---

Angsal-angsalaning panyadean ulam ing Bêtawi suda. Miturut pèngêtan, angsal-angsalaning lelangan ulam ing wulan Januari kapêngkêr namung f 126.094.20.- mangka ing wulan Januari taun ingkang kêpêngkêr f 126.256.10.- ing taun 1930 wontên f 250.910. Dados pinanggihipun sabên taun saya mundur.

Inggih panggaotan punapa ingkang ing jaman punika botên mandhap.

Ambêk nyumantana. Pasakitan bangsa Bulgari prakawis ngakên prof. ingkang katahan wontên pakunjaran ing Bêtawi mêntas sakit untu. Nalika dipun priksa dening doktêr gadhah panêdha supados untunipun dipun santuni êmas. Sarêng dipun takèni ingkang badhe mbayar sintên, wangsulanipun parentah. Doktêr lajêng klepat kesah.

Samantên ambêging tiyang ingkang mlampah-mlampah dipun akên dados santananing parentah.

Panyêgah minuman kêras badhe parêpatan umum. Pakêmpalan panyêgah bêbaya minuman kêras ing tanah ngriki, benjing tanggal 27-28 wulan punika badhe ngawontênakên parêpatan umum.

Têmtunipun parêpatan wau ugi badhe mratelakakên cacahing tiyang mêndêm, lan kintên-kintên ugi ngraosi indhaking pabrik bir.

Gunggunging pragatan rajakaya ing Bêtawi. ing salêbêtipun wulan Januari kapêngkêr, wontênipun pragatan rajakaya ing Bêtawi: lêmbu 534, maesa 412, menda 7817 tuwin babi 4083.

Sawulan samantên, sataun lajêng pintên. Salajêngipun rajakaya samantên wau lajêng dipun kubur wontên wêtênging tiyang, tujunipun wêtênging tiyang punika kuburan growong, dados inggih botên nate kêbak-kêbak.

Pabrik bir ing Bêtawi. Ing Bêtawi badhe wontên pabrik bir enggal, dipun adani dening firma Geo Wehry.

Bab indhaking bir ing tanah ngriki ing mangsa punika, kados botên kakuwatosakên badhe kathah tiyang siti sami trom-troman, amargi artanipun sawêg prêlu kangge tumbas uwos. Namung bab pakêmpalan panyêgah M, inggih punika "Goede Tempelieren" kapêksa mindhak padamêlanipun.

Arta kêrtas palsu. Sawênèhing bangsa Bombay ing Pasar Baru, Bandung, mêntas ambayarakên arta dhatêng Faktory, kasumêrêpan wontên artanipun nyadasa rupiyah palsu. Ciri R. No. 04762 tanggal 12 October 1927. Arta wau katêtêpakên palsu dening Javasche Bank.

Prayogi sami ngatos-atos.

Salingkuh f 35000.- Satunggiling firma wacucal ing Kali Besar (Bêtawi) kecalan wacucal rêgi f 35000.- ingkang kintên-kintên dipun salingkuhakên dening punggawa bangsa Walandi. Sapunika sawêg dados papriksan.

Wacucal rêrêgèn samantên punika rak botên sakêdhik. Kintên-kintên tumindaking kadurjanan lumintu jêg-jêgan. Punika satunggiling sêtiyar ing jaman malèsèt.

Kasangsaran agêng ing sêgantên. Wontên baita saking Surabaya dipun tumpaki tiyang 49, sarêng dumugi ing Sêmampir baita wau katêmpuh ing angin, baita kêbalik.

Rahayu kasangsaran wau kasumêrêpan dening kapal Bêngkulên, gadhahanipun K.P.M. lajêng nindakakên pitulungan, sagêd mitulungi tiyang 26 sampun sami lêmês. Baita pulisi ugi lajêng têtulung, sagêd manggihakên bangke 4, tiyang ingkang 16 sami ical.

Samantên araling kawula.

Pêjah jalaran nêdha tempe. Ing dhusun Kêdondong, Sêmakan, Bara Paras tuwin Karangarja, wêwêngkon Kulompraga, wontên tiyang cacah 51 sami pêjah jalaran mêntas nêdha tempe ampas. Sakawit sakitipun ngêgèt, sasampunipun 3-4 jam lajêng sami pêjah. Bab punika lajêng dados papriksan doktêr, sawêg kapriksa êrahipun, jalaraning pêjah saking punapa. Raosing sakit sakawit badan lêmês, wêtêng kakên, lajêng kados ngorok lajêng botên kenging dipun takèni, sasampunipun 1 jam lajêng pêjah.

Tiyang pêjah utawi sakit, ingkang jalaran mêntas nêdha tempe ampas, punika kêrêp wontênipun, bokmanawi têtêdhan ingkang kados makatên wau pantês dados awisan. Dene ingkang dipun wastani ampas wau, ampas tahu, inggih punika têtêdhan ingkang limrahipun namung dados pakan babi, sampun botên gadhah sari punapa-punapa.

EROPAH.

[Grafik]

Nêmpuh pangeran-pati Itali. Wontên pawartos, wontên tiyang nama De Rosa ingkang nêmpuh Pangeranpati Italie, Pangeran Umberto, angsal pangapuntên saking panjênêngan nata. De Rosa wau rumiyinipun tampi paukuman 5 taun, sampun dipun lampahi 2 1/2 taun.

Ngabên rikat-rikatan lampah. Ing Jerman mêntas wontên têtandhingan rikat-rikatan lampah, ingkang dipun bên wau sêpedhah motor, auto tuwin mêsin mabur.

Tindak makatên wau raosipun kados umuk-umukan.

--- 400 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

1. Tuwuhing katrêsnan

3.

Pancèn ing kala punika Nonah Dhorah macak barès nanging ngayang batin, katingal ngalela kados rêmbulan manggèn ing langit biru, ngangge rasukan wol abrit sêpuh, têmbingipun angengisakên pakulitan jêne ambêngle keris, sêsinom ingkang mruwun kasilir angin, saya ngrêrêngga sumulaking rai, sadaya wau kalêmpakipun amujudakên wêwarnèn ingkang damêl tiwasing kakung. Ing sanalika ngriku Radèn Sumarta kados kalap wontên ing kêdhung kabingungan. Sasampunipun mandêng dhatêng Nonah Dhorah sawatawis, tanganipun Nonah Dhorah ingkang nuju nyêpêng tanganipun Radèn Sumarta, lajêng dipun candhak cêg, kurêbing èpèk-èpèk dipun tèmpèlakên ing irung.

Nonah Dhorah sakalangkung tumratab ing manah, tanganipun dipun sêndhal, ngantos uwal saking gêgêman, kanthi nilari ulat manis nyawang ngiwa nêngên.

Radèn Sumarta ugi nututi nyawang ngiwa nêngên, manahipun lajêng ngalokro, dening sumêrêp tuwan tuwin Nyonyah Blok, pangagênging bang ingkang sêsarêngan murugi dhatêng papan ngriku.

Nyonyah Blok wau saking katêbihan sampun gumujêng kalihan ngacung-ngacungakên rakètipun tumuju dhatêng sang kêkalih tuwin wicantên: Adhuh, kaya manuk sajodho. O, inggih, anèm sami anèm.

Wusana sasampunipun têtabikan, lajêng sami rêrêmbagan anggêgarap, ingkang dipun garap Nonah Dhorah kalihan Radèn Sumarta. Botên dangu katungka dhatênging kônca-kônca main sanès-sanèsipun sami gêgandhengan. Nonah Dhorah lajêng manggihi prawan Jawi ingkang gêgandhengan kalihan Nyonyah Hèphêl, guru sêkolah. Anggènipun murugi kalihan lumajêng, minôngka panylamur anggènipun nêdya ngesahi dhatêng patrap gêgujêngan ingkang ambêbayani punika. Ing ngriku lajêng wiwit main, tataning main atêtandhingan.

Tumrapipun têtandhingan, tamtu kemawon Nonah Dhorah milih mêngsah Radèn Sumarta, awit kintên-kintên namung Radèn Sumarta ingkang sagêd dados mêngsah gogot. Nanging mênggahing lair, anggènipun têtandhingan wau botên kok gadhah pangangkah murih sagêd tansah sêsawangan, pancèn ngudi dhatêng kasagêdan main tênis yêktos, awit Radèn Sumarta sampun misuwur kasagêdanipun ing bab main tênis. Dene pinanggihipun, Radèn Sumarta botên katingal mêmpêng, pambucaling bal namung dipun angkah sasakecanipun, murih Nonah Dhorah sagêd gampil anggènipun nampèni, lan malih salêbêtipun main sarèh makatên punika sagêd matrapakên ginêm ririh, ingkang sagêd kamirêngan cêtha.

Radèn Sumarta wicantên: Dhorah, aku ora têga ngalahake kowe.

Nonah Dhorah mangsuli asêmu grêgêtên, nanging taksih linut ing èsêm: Umukmu. Satêmêne kowe iya pancèn kalah têmênan.

Sabên bibaring main, Radèn Sumarta ajêg ngêtêrakên mantuk Nonah Dhorah, dumugi sangajênging griya. Nanging Radèn Sumarta botên nate purun malêbêt dhatêng griya, sanadyan dipun acarani bapakipun Nonah Dhorah pisan, ugi botên purun, awit Radèn Sumarta mangrêtos, bilih anggènipun ngacarani tiyang sêpuhipun Nonah Dhorah wau botên têrus ing manah, sagêd kêtitik saking sêmuning polatanipun. Dados anggènipun ngampirakên wau namung lêlamisan kemawon.

Makatên ugi ing dintên wau, Radèn Sumarta ngêtêrakên Nonah Dhorah ngantos dumugi ing ngajêng kori, atêtabikan araos gumèndhêl.

Ing ngriku manahipun Radèn Sumarta rumaos mangu-mangu. Manawi mirid ing pasang pasrawungan, Nonah Dhorah kintên-kintên anglanggati trêsnanipun. Nanging ing bab tindak anggèrèt tangan kados kala wau punika, katingalipun botên adamêl kadugi, mila lajêng andadosakên mangu-mangu ing manah.

Ing ngriku Radèn Sumarta ambatos: Ing kene kawêkasane, dadi saupama ora kasêmbadan saiki, ya uwis.

Radèn Sumarta ing sadèrèngipun pêpisahan, wicantên dhatêng Nonah Dhorah makatên: Liburmu kari limang dina êngkas ya, Dhorah. Nganti saprene kowe durung kalakon niliki gambar-gambaranku kang lagi mêntas tak gawe. Apa kowe sesuk sore wayah jam lima gêlêm mênyang omahku. Kajaba nonton gambar, isih ana gunêm liya-liyane.

Ngantos sawatawis pandurat, Nonah Dhorah tanpa ngucap, namung tumungkul kemawon, kados anggagas-gagas.

Radèn Sumarta angambali wicantên kalihan anggrayangi tanganipun Nonah Dhorah: Apa alane yèn kowe mênyang ing omahku ta, Dhorah. (Badhe kasambêtan)

--- 45 ---

Nomêr 12, Taun III.

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu.

Pitakèn dhatêng Rama Sêbul

Bab Sulapan

Sadèrèngipun kula matur pitakèn, langkung rumiyin kula nyuwun sih gunging pangapuntên. Jalaran kula lare parêdèn, ingkang sapunikanipun taksih dados murid, sinau ing pamulangan dhusun Rawajali, Kêjajar. Dados inggih sampun têmtu dèrèng sagêd mathuk, nama undha-usuking ukara, ewasamantên kula kamipurun, ngaturakên sêrat ing ngarsanipun Rama Sêbul, adhapur pitakèn. Bokbilih karsa paring wangsulan, lumayan kangge imbêt-imbêt sêsêrêpan kula.

Ing sabên dintên Rêbo, lan dintên Sêtu, kula tansah dipun paringi sêrat waosan saking guru kula. Mênggah sêrat wau namanipun: Kajawèn. Dhawuhipun guru, kula kapurih maos ing griya, kanggea indhaking sêsêrêpan kula.

Sarêng buku punika sampun kula tampi, ugi kula waos. Ingkang kula rêmêni ing bagean Taman Bocah, jalaran ing ngriku waosanipun anyênêngakên, lucu tur anggumujêngakên. Punapadene wontên kawruhipun: sulap. Saya anggèn kula ngudi anggènipun maos, migatosakên sulap. Kala-kala kula cobi, kula pamèrakên dhatêng kônca kula dolan. Mila inggih sami gumun ningali kasagêdan kula, tiru-tiru sulap.

Anuju satunggiling dintên, kula wontên ing pamulangan, pinuju ngaso, kula dolanan kalihan kônca-kônca kula. Dangu-dangu guru kula nyêlak, sarta dhawuh: Mara, Sis, olèhmu sinau sulap pamèrna kancamu. Sarêng kula mirêng dhawuhing guru, kula inggih lajêng tumandang nyulap. Saking sênêng kula marsudi dhatêng sulap, kula inggih tansah sêdhia. Ing ngriku salêbêtipun kula nyulap, dipun tonton dening kônca-kônca kula, lan saking sênêngipun anggènipun ningalti,ningali. sami surak-surak. Tiyang-tiyang ingkang sami langkung ing margi, inggih sami kèndêl, mrêlokakên ningali. Ing ngriku kêtingal rêna sangêt, guru kula anggènipun mriksani. Jalaran saking anggèn kula moas Kajawèn.

Satêlasipun anggèn kula nyulap, guru kula inggih lajêng mamèrakên kasagêdanipun nyulap. Mênggah guru kula anggènipun nyulap wau, ing Taman Bocah ngriki, kados-kados dèrèng wontên ingkang paring pitêdah. Mila kula inggih tansah lajêng gumun [gumu...]

--- 46 ---

[...n] malih. Kula matur dhatêng guru kula, supados karsaa anjarwani wadosipun. Namung guru kula botên karsa anjarwani. Ing batos kula kêpengin sangêt mangrêtos wadosipun. Dangu-dangu guru kula dhawuh: Sis, yèn kowe kêpengin wêruh wadine anggonku nyulap, mara takona bae mênyang Rama Sêbul, mêngko rak banjur diwangsuli ana ing Taman Bocah kono.

Mila kula prêlu pitakèn dhatêng rama, mugi karsaa anjarwani, sulapipun guru kula wau.

1e. Guru kula nyuwèk-nyuwèk krêtas abrit, biru, pêthak, dipun têdahakên dhatêng kônca-kônca kula, kalihan ngêndika: Bocah-bocah, dêlêngên, iki rak krêtas wis tak suwèk-suwèk ta. Iki arêp tak pangan, mêngko mêsthi bisa dadi krêtas glintiran kaya cêmêthi.

Èstu, krêtas punika dipun mamah, lajêng dipun êlêg, sarêng sampun dipun lêg, lajêng dipun utahakên malih, dipun lorod saking sakêdhik, dados krêtas glintiran urut-urutan. Abrit, biru, pêthak, ngantos panjang sangêt.

2e. Guru kula mundhut bênang pêthak pêngaos sak sèn. Dilalah wontên lare kônca kula ingkang gadhah, lajêng dipun aturakên. Sarêng bênang wau sampun dipun tampi, lajêng dipun pêdhot-pêdhot, ngantos dados sakilan-sakilan. Bênang wau inggih lajêng dipun mamah, kêtingalipun inggih lajêng dipun lêg. Sarêng sampun inggih lajêng dipun utahakên malih, dipun lorod saking sakêdhik, dipun ulur saking cangkêm. Ingkang ngulur inggih lare ingkang gadhah bênang wau. Wusana bênangipun taksih wêtah, tur inggih botên têlês. Malah bênang wau lajêng kasukakakên wangsul malih dhatêng ingkang gadhah.

Taksih kathah malih tunggilipun. Namung sarèhning kula sayah anggènipun nyêrati, benjang malih kemawon kula pitakèn sanèsipun.

Wusana mugi tumuntêna Rama Sêbul paring katrangan, sulapipun guru kula ingkang kasbat ing nginggil.

Saking kula. Murid dhusun Rawajali, Kêjajar, Siswa.

Iki patute nak Sucitra king Banyudana, sing bisa nêrangake.

Pak Sêbul.

Trêsna Bapa

II. Olèh Kônca

[Mijil]

kang mangkono Wêlas ora mikir / plaur wêtêng kothong / ing wusana Wêlas suwe-suwe / lakune wis anyêdhaki bêngi / thêmêk-thêmêk rindhik / mripate rawat luh //

wise surup ketok kêlip-kêlip / diyan isih adoh / diparani ing sakapenake / kira-kira wis jam wolu bêngi / nuli anyêdhaki / masjid cilik munggul //

saka jaba Wêlas milang-miling / dhèhèm watuk oh-oh / nganti suwe angantarakake / jêron masjid ketoke mung sêpi / Wêlas banjur muni / salam ngalaekum //

ora suwe ana wong marani / malakune alon / ing sêmune sajak nyamarake / awit ana [a...]

--- 47 ---

[...na] uwong têka bêngi / Wêlas alon muni: / Mas, mas kula nuwun //

mugi wontên mirahing panggalih / sadalu kemawon / kula badhe sipêng yèn marêngke / kula tiyang asli saking têbih / kadalon ing margi / dèrèng sêrêp purug //

uwong mau iya amangsuli / nanging sajak songol / kenging mawon môngga sakarsane / uwong mau nuli mlêbu bali / Wêlas nuli linggih / lan ngêlus-lus dhêngkul //

barêng uwis rada wayah bêngi / Wêlas mapan lêson / ora ana wong ambagèkake / dikira yèn kono pancèn sêpi / ora diênggoni / yèn ing bêngi suwung //

barêng kira uwis têngah bêngi / ana uwong alok / angêbaki masjid suwarane / nuli krungu uwong digêbugi / sambate ngrêrintih / lan anjaluk maklum //

saya sêru wong sing anggêbugi / bag-bug ora pêdhot / ora tahan Wêlas suwe-suwe / nuli mara arêp anakoni / barêng cêdhak muni: / Ontên napa niku //

têka sangêt tega amisakit / anggêr purun mawon / êmbok mawi dipun têpakake / saupami gêntos pun gêbagi / punapa ta inggih / botên tulung-tulung //

wong sing krungu pitakonan kuwi / mripate malolo / lan mangsuli bangêt ing nêpsune / dika mênêng ampun cêcariwis / napa dika ngrêti / têng uwiting luput //

Wêlas sarèh anggone mangsuli / kang sabar kemawon / tiyang sabar agêng ganjarane / kaparênga kula takèn inggih / punapa kang dadi / jalaraning luput //

rada sarèh wong kang ditakoni / wangsulane alon / ingkang dados ing mulabukane / rumiyine niki utang dhuwit / sampun sangêt lami / botên purun nyaur //

yèn ditagih mubêng mrika-mriki / botên nate maton / wangsulane êmung esuk sore / hara sintên sing botên manasi / mula pantêse ming / ditagih ing pênthung //

pun kajênge kula ing saniki / ajêng adol bandhol / nadyan dadi prakara ing têmbe / nanging êmpun lêga krasa ngati / mulane saniki / ajêng kula êjur //

Wêlas mèsêm karo mituturi / mangke alon-alon / kang panggalih sae pun sarèhke / sampun namung nguja muring-muring / botên mikantuki / tiwas ngêndhêm luput //

saupami anguja panggalih / anggêbagi katog / kalampahan dados lan patine / punapa ta kang pun kukup wingking / malah bokmanawi / nyaur ukum gantung //

wontênipun tiyang anyidrani / dèrèng tamtu awon / sagêd ugi saking malarate / saupami gadhah: napa inggih / badhe anyidrani / prêlu pados luput //

ing samangke kula anêngahi / badhe atêtakon / pratelaa pintên sambutane / saupami sagêd kula niki / purun anambêli / anyauri krupyuk //

barêng krungu wong sing anggêbugi / atine krasa plong / banjur ngira yèn bali dhuwite / mula banjur amangsuli lirih / gih sadasa ringgit / kriyin mulung krupyuk //

wise ngono Wêlas angulungi / karo clathu alon / lah punika rupiyah salawe / katampèna minôngka nêbusi / kula mung sadarmi / lugu atêtulung //

uwong mau anampani dhuwit / salawe mêlorok / nganti ketok andhrêdhêg tangane / wong sing utang banjur diluwari / anggêblas nglungani / nyang pêtêngan angslup // (Bakal disambung)

--- 48 ---

Anèh-anehan

Dhèk Sêtu kêpungkur ing Taman Bocah mêntas ngandhakake bab anèh-anehan, ya kuwi pongpongan sing gawene nyolong piyik manuk ana susuh, dadi ya mènèk barang. Ing saiki arêp ngandhakake anèh-anehan manèh, nanging sadurunge ngandhakake anèh-anehan mau, ing kene arêp ngobrol dhisik, prêlune mung supaya cêtha, yèn anèh-anehan sing arêp dikandhakake iki têmênan.

Dhèk biyèn ana wong dhêmên ngobrol, olèh tandhing padha wong ngobrol, sijine karan obrol gêdhe, sijine karan obrol cilik, mungguh karane mau, karêpe ora kok sing siji ngobrol bangêt, ya kuwi gêdhe, utawa sijine ora pati ngobrol, ya kuwi cilik, nyatane padha obrol kabèh. Dongèngane mangkene:

Ana wong ngobrol, unine: Wah dhèk cilikanku, bapak yèn anggawèkake layangan nganti ora mêkakat, la wong layangan kok ragangane pring pêtung wutuhan, dluwange lulang kêbo, taline dhadhung mênilah, nganggo didokoki sawangan, suwarane ambêngung nganti kaya pabrik.

Saka anèhe mau, nganti ora ana wong sing wani ngungkuli obrole, la wong ya barang gêdhe kok samono. Iya jalaran saka anggone ngobrolake gêdhening layangan mau, uwong mau banjur diparabi si ngobrol gêdhe.

[Grafik]

Nanging jêbule uwong mau olèh tandhing uga wong ngobrol. Wong ngobrol sing kapindho, barêng krungu ana sing ngobrol kaya ngono mau banjur nyambungi: Kuwi kosokbali karo bapakku, dhèk aku isih cilik tau ditukokake manuk êmprit cilik, saka cilike nganti tak arani dhêle, la wong ya yèn tak pakani bêras, sabên lagi dithothol, durung nganti kolu, bêrase wis jujul mêtu silit. Manuk mau barêng wis bisa ngocèh, nganyêlake bangêt, ketoke wis anggantêr ngocèh, nanging ora krungu suwarane. Barêng anu aku akal, êmprit mau sabên ngocèh tak lêbokake kuping, wah suwarane lamat-lamat kaya piyul.

Wose kabèh mau obrol. Ing saiki arêp ngandhakake anèh-anehan têmênan, ing nagara Bêrlin, ana jaran cilik bangêt, ing sajagad, jaran mau sing cilik dhewe, dhuwure mung 60 cm, wujude kaya ing gambar. Ta, anèh ora.

Saupama anèh-anehan mau ora ana wujude, mêsthi dipaido bocah akèh.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 26, 22 Dulkangidah Je 1862, 30 Marêt 1932, Taun VII.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [401] ---

Ôngka 26, 22 Dulkangidah Je 1862, 30 Marêt 1932, Taun VII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Têlênging Praja Prancis

[Grafik]

Arc de Triomphe, punika tôndha têtengêr ungguling jurit Prabu Napoleon manggèn ing têlênging praja Paris. Adi eloking griya-griya tuwin margi-margi, cêkap mariksanana ing gambar.

--- 402 ---

Kawruh Padhalangan

Ringkêsaning Kawruh Padhalangan Ringgit Purwa ing Surakarta

Sambêtipun Kajawèn nomêr 25

Ucap-ucapan ôngka: 23.

Gathutkaca Anggêgana

Radèn Gathutkaca pranyata satriya wirotama, dibya sumbaga sakti sudira ing ayuda, ambêk prasaja, susila prigêl ing parikrama. Ing solah cikat cakut tarampil kaduk noraga. Nanging jatmika antêng singêr kurang pangandika, pasêmone ngêngrêng gumriyêng arêgu. Pasariran berawa sarwa sambada gagah prakosa. Yèn sumiwi marang Endraprastha ngagêm cara satriya, yèn tinangkil ana ing pura Pringgadani ngrasuk busana kaprabon.

Mangkana Radèn Gathutkaca arsa lumawad ngupaya maesa danu satus kang pancal panggung, nanging èmêng ing panggalih, dèrèng prastawa ing dunungan. Pandoning karsa arsa nyuwun pitêdah marang ingkang uwa Rêsi Anoman.

Sakala Radèn Gathutkaca nata busanane, busanane Radèn Gathutkaca sami mawa prabawa pêparinge Sang Hyang Jagat Karana. Apa busanane Gathutkaca: ngagêm gêlung makara cinundha rêngga, jamang mas sungsun tiga tinarètès sotya mulya, kinancing garodha mungkur, sinôngga ing praba. Ngagêm panêtêp sotya ludira, sêkar taji maniking kastuba. Ngagêm sumping ginubah surèngpati, sangsangan ulur-ulur naga karangrang, pênding padaka rêtna mulya, binggêl naga bônda, kêlat bau naga môngsa, kroncong taksaka krura sami kancana sinotya, pamêkak atêbah jaja, uncal kumala agundha bara. Ngagêm calana cindhe jalamprang, kampuh parangrusak kagok, linut kancana drawa, ngumbar kunca ngêndharah yayah laring walang walèri. Sangkêp pangagêmane Radèn Gathutkaca, sarwa sêsotya atap ngèbêki sarira. Ana manik indradi, sotya kastuba, kumala widuri, intêning samudra, jumêrut mirah pakaja. Yèn tinon saking mandrawa busanane Radèn Gathutkaca pating galêbyar pating galêbyur kaya lintang wuluh katrangan ima.

(Ada-ada grêgêt saut)

Samana Radèn Gathutkaca ningsêtakên kawaca, cancut taliwanda, apêkak madya, anêtêpakên jamang. Tandya jênggilêng mulat ing antariksa arsa lumawan ing dirgantara. Gathutkaca yèn mêsat ing gêgana solahe trangginas rikat kaya kilat kêsit kaya thathit, datan pae Sang Hyang Garuda anggayuh gêgana. Samana Radèn Gathutkaca mancat pratala, dêdêl ing kasa,akasa. sumêbut mawa prabawa...

(Têrus sampak)

Ucap-ucapan ôngka: 24

Bambang mlampah

Lampahe Radèn Arjuna samarga-marga tansah karya sêngsêming kang mulat. Akèh para janma sami mêmayu muji jaya-jaya. Para wanita sami sêngsêm sêmu kasmaran, wênèh anjêjawat, pasang sêmu sasmita. Akèh solahing janma ngandhêg ngampir-ampir sang lumampah:

Rado-wèn, kula aturi mampir. I, tobil, [to...]

--- 403 ---

[...bil,] tobil, dene prasasat sumêlèt têmên, têka olèhe mlampah anglêr sajak sakeca wae. I, lae-lae, kathik ana wong bagus olèhe mulus lurus sabarang-barange. Rado-wèn, kula aturi mampir, mênika lo, kula ngaturi sêsêgah. I, bok ya krêsa mampir mana. Yèn krêsa tindak ngomahku, tak olahke sing ènêk-ènêk, tak caosi ngunjuk sêgêr-sêgêran sing anylês, tak sawang thok wae nganti sapasar.

(Petruk): Hêm - ngampirake we kok pilih sih, sing kira-kira ora ngêlèh ora ngêlak, ditawani nganti kowak-kawèk. Lah aku iki, wêtêngku kluruk krungu têlung pal, kok ora ana wong ngambus. E - bok ya ana wong ngampirke ngajak madhang mana, tak mangan sing nganti ora eling.

(Garèng:) Sing sudi sapa ngampirke kowe, wong kowe kuwi ora mung drêmba cocot wae, ya drêmjadrêmba. tangan, drêmba mata. Yèn ngêtke memehan nganti ngoli-k.

(Petruk:) Ah, ya bêjane nguwong, ora kêna. Yèn diampirke wong mantu, mbêlèh gong, nggantung kêbo, rak mrêgaya.

(Tiyang èstri:) E - kang dhuwur.

(Petruk:) Hla, napane.

(Tiyang èstri:) Dika mriki.

(Petruk:) Madhang napa, yu -.

(Tiyang èstri:) E, mang mriki, ta. Timba kula kêcêmplung, dika slulupi sing nganti kêcandhak. Wong sampeyan dhuwur, botên susah nganggo ôndha rak geyuk. Ning sing ngati-ati, lo, sabab sumure kêcêmplungan bathang asu. Sokur mang tawokke sisan. Mêngke kula opahi cabe lêmpuyang, napa bendha laos. E -, sawanan agung, dhik, kajênge mundhak rosa. Kula tambahi, ta êmpun, nika, le -, cêmèng kula sing mêntas kêgrujug tir, mang gawa pisan.

[Grafik]

Hla, napane.

(Petruk:) Êlo, botên kon ngêlih lêsung pisan, ta, yu -. ...Hêm - wong iki nèk lagi kojur.

(Garèng:) Mulane aja sok ngarêp-arêp barang sing enak-enak, ora blônja kok arêp nothol, sirmu. Anggêr wong golèk enak, malah kêtlarak.

(Banyolan makatên sapiturutipun).

--- 404 ---

Pawartos Wigatos

Pitedah tuwin Pamrayogi Sawatawis Kangge Jêmaah Haji

Sambêtipun Kajawèn nomêr 24.

Ingkang kakajêngakên: nurutan tuwin botên wontên suwantênipun punika, upaminipun: sanadyan rumaos anindakakên samubarang ingkang botên mêsthinipun, utawi katanggor ing apus-apus, têka awis-awis ingkang gadhah grênjêt lapur utawi nyuwun katêrangan dhatêng para priyantun ingkang kajibah anjagi kawilujênganing para jêmaah.

[Grafik]

Jêmaah-jêmaah haji nuju wontên ing mêsjid Mêkah.

Malah sawênèh bilih kadhawuhan saha dipun mangrêtosakên, rumaosipun kajêlomprongakên utawi kasasarakên, dados dhawuh tuwin parimarma wau kasêpèlèkakên. Beda bilih ingkang cêcriyos punika bôngsa Arab.

Ing môngka para priyantun wau anggènipun dêdalêm ing Ejas punika sampun wontên ingkang 10, 15 malah sampun wontên ingkang 20 taunan, kajawi punika pakaryanipun ngêmungakên gêgayutan bab panjagi tuwin pangurus kawilujênganing jêmaah-jêmaah tanah ngriki, dados sêsêrêpan kangge prêluning jêmaah têmtu sampun matêng sayêktos.

Ingkang kathah bilih wontên punapa-punapa lajêng kasidhêm kemawon, sajakipun botên sanès namung sumendhe ing takdir, rumaos bilih sadaya-sadaya punika gêgayutan kalihan niyatipun anêtêpi kuwajiban wau, dados sampun mêsthinipun bilih kalambaran pêrih tuwin pêdhês punika.

Sabab-sababipun pramila botên wontên suwantênipun utawi tansah nurutan punika, punapa binêkta saking kadunungan watak kasatriyan, dados botên badhe sêsambat, utawi punapa pancèn saking kiranging mangrêtos. Sagêd ugi wontên sabab sanèsipun, upaminipun wiwit wontên ing griyanipun piyambak sampun dipun wanti-wanti bilih ing ngrika sanadyana wontên punapa-punapa, botên [botê...]

--- 405 ---

[...n] kenging mobah mosik jalaran mindhak kirang sahipun anggènipun anêtêpi kuwajiban wau, botên sanès, bab punika namung kasumanggakakên para maos. Bilih prêlu, ing têmbe wingking nêdya ngunjuki wuninga ing salugunipun bab panas pêrihipun jêmaah saking tanah ngriki ingkang kabêkta saking nurutan jalaran ajrih tuwin saking enggal-enggal pêrcadosipun dhumatêng bôngsa Arab, ing wusananipun ngantos sami nandhang kacingkrangan ing ngrika.

Mangsuli bab kêcingkranganing jêmaah haji wau.

Saking judhêging manah wontên ingkang dados bêbau pawedangan, inggih punika wande ingkang ngêmungakên sade tèh lan kopi, wontên ugi ingkang dados kênèk motor. Sampun têmtu kemawon pambayaripun sakalangkung mirah, jalaran saking kathahing tiyang pribumi ingkang ugi ngupados padamêlan.

Malah wontên malih ingkang bêrah tanpa mawi epahan, sok ugi kasukanan têdha dalah panganggenipun, sawênèh pangupajiwanipun sami misaya ulam sagantên lan sanès-sanèsipun.

Pramila karangan punika kaanggêpa kados sêsêrêpan tuwin pitêdah sawatawis, botên sanès mugi amêwahana awas lan prayitnaning para maos ingkang nêdya badhe anêtêpi kuwajiban, nadyana tindakipun sampun samêkta sayêktos prayogi ngatos-atos sawatawis.

Minôngka panutuping karangan punika kasêbutakên bilih ing sabên taunipun jêmaah haji ingkang sami dhatêng ing Mêkah wau, cacahipun ing nalika taun sae, dados sadèrènging awis arta, wontên dasanan ewon makatên. Cacah jiwa samantên kathahipun punika ingkang onjo piyambak saking tanah ngriki, dene sanès-sanèsipun saking Malakah, Britis Indhiya, Aprikah, Pèrsia, Ègiptê, Maroko lan sapanunggilanipun.

Kadosdene praja Switsêrlan sagolongan agêng pamêdaling tiyang siti saking tiyang lêlana inggih punika tiyang hartawan, tuwin ing Montêkarlo saking dayaning kalokanipun griya ngabotohan, lan ugi kadosdene ing tanah Jawi pangasilaning tiyang siti ing kitha Kudus saking agêng tuwin kathahing pabrik-pabrik sês krètèg, samantên ugi asiling bôngsa pribumi Ejas sagolongan agêng kenging kasêbut saking kathahing para jêmaah haji, ingkang sami dhatêng ing sabên taunipun.

Kula pun Nik.

Pawartos saking Rêdhaksi

Tuwan S. Sugita, ing Kotabumi. Pamundhut panjênêngan sampun dipun kintuni, tumrap buku sanèsipun mundhuta dhatêng toko buku Tan Khoen Swie ing Kêdhiri.

Tuwan A. ing Salatiga. Gambar ingkang kamanah prêlu inggih kapacak, dene gambar kados ingkang panjênêngan cariyosakên punika, kamanah botên prêlu.

Lêngganan nomêr 1734 ing Kêndhal. Mundhuta buku djidwal kemawon, dhatêng Bale Pustaka, rêgi f 0.40.

--- 406 ---

Panglipur Manah

Candraning Nuswantara, Tanah Loh Jinawi

[Dhandhanggula]

Nuswantara rinênggèng artati / mrih tumana tumonton ing cipta / katêtangi pangrasane / myat srining gunung-gunung / wanawasa lêlêmbah miring / wimbaning umbul mudal / tumimbaling êbun / lubèring talaga muncar / pancurating pancuran amônca warni / jro jurang rarejengan //

angrêmbaka subur karang kitri / palawija mêdal sri kawuryan / sumarambah pananême / anjrah nèng têgal talun / riyu-riyu dinulu wilis / ngalela kanang arga / lumintir tumurun / we narmada sing prabata / andalidir janma jalwèstri kaèksi / tan sumlang pringgèng marga //

yèn winawas wilêting jaladri / angalela langêning samodra / duk dinulu ing wancine / alun ririh gumulung / kang maruta alon lumaris / èsmu wilis kang ama / nirmala kaalun / slira-sliri kanang palwa / narakarya mèt mina sing jalanidhi / wèh krêtarjaning praja //

[Grafik]

Untabipun têtiyang misaya ulam wontên ing sagantên.

gumêrahing janma jaman kiyi / yayah karya orêging bawana / mawarna-warna tujune / wit nuju jaman maju / kang jalari raharjèng nagri / junjung drajating bôngsa / kang dèn ayun-ayun / kayaparan marganira / kaloking rat nuswantara maratani / têmah tanpa kuciwa //

Tejasusastra.

--- 407 ---

Nagari Ngamônca

Pasulayan Jêpan kalihan Tiongkok

Paprangan Jêpan kalihan Tiongkok kenging dipun wastani gêjag sami angsal tandhing, wadya Jêpan ingkang dhatêng tansah anggili tanpa kêndhat. Sakêdhap wontên pawartos ungguling wadya Tiongkok, sakêdhap malih wontên pawartos gêntos kêsêsêr, nanging mênggahing pêpetangan, Tiongkok kêrêp unggul, kathah tôndha-tôndha prawiranipun wadya Tionghwa. Mênggah wontênipun pawartos telgram sabên dintên tansah ngêwrat pawartos ing bab campuhipun wadya praja kêkalih wau.

Ingkang nama katênggêl dados ajanging paprangan ing wêkdal punika ing praja Syangi, kawontênaning karisakan praja kenging dipun wastani agêng, dene wontênipun pêpêjah sabên dintên lumintu ewon. Miturut pêpetangan ingkang sampun katindakakên manut papriksan, karisakan ingkang jalaran saking bom Jêpan, adamêl kapitunan 15.600.492.71 dholar, papan ingkang tinêmpuh pinetang wontên salêbêting laladan 474 mil pasagi. Kapitunaning rakyat wontên 180.316 dholar, kapitunan griya-griya ingkang sampun awujud jugrugan tembok wontên 314.084 dholar. Wontênipun rakyat ingkang nandhang kasangsaran ing paprangan ingkang jalaran kenging bom, wontên kawan dasa gangsal prêsèn saking gunggungipun têtiyang ing ngriku sadala,sadaya. ingkang pêjah wontên 6080, tatu 2000 tuwin ical tanpa lari wontên 104.000.

Kawontênan ingkang kados makatên wau anjalari sudaning asil nagari, ngantos malorot kawan dasa prêsèn. Kados punapa pinanggihing karibêdan praja, para maos sagêd manggalih piyambak.

Mirid kawontênan ing golongan Tiongkok, pancèn inggih nandhang kapitunan agêng, nanging kosokwangsulipun tumrap golongan Jêpan ugi botên wontên bedanipun, malah tumrap pawartos saking Jêpan, adêging kabinèt Inukai sampun kirang kiyat, golongan militèr orêg, anyasmitani botên sae, manawi botên kalêrêsan badhe madêg paprentahan militèr ingkang dipun pangagêngi dening Pangeran Sayoni, tamtu kemawon ada-ada punika atêgês damêl ringkihing paprentahan praja.

Tumrap kêkêncênganing Jendral Caiting Kai, mratelakakên bilih wadyabala Tionghwa sampun dipun dhawuhi supados nyantosani barisanipun, ngêntosi karampunganing pamupakatan. Dene manawi bab punika botên wontên kawusananipun, ingkang adamêl pamarêm, badhe anglajêngakên rêrêmpon, inggih badhe kadospundi kemawon.

Prajurit ingkang sampun wuru ing paprangan, pancèn angèl dipun undurakên, malah nate wontên rêmbaging pangagêng bôngsa Tionghwa, mirêmbagi dhatêng prajuritipun badhe padhamèn kalihan mêngsah. Bab wau dipun wangsuli dening karerehan, manawi pangagêng wau nêdya rukun kalihan mêngsah, dipun lampahana piyambak, para karerehan nêdya angantêpi tekad, pêjah wontên ing prang wutah rahipun ingkang nêtyani. Samantên kêkiyataning manah ingkang sampun kabranang.

--- 408 ---

Kados para maos botên kêkilapan dhatêng tandanging wadya Tionghwa golongan 19, punika têtungguling barisan Tiongkok, ngantos dipun wastani prajurit waja. Mênggah kasantosan tuwin kawantêranipun wadya golongan 19 wau pancèn anggêgirisi, panglawanipun dhatêng mêngsah tumindak kanthi kaprayitnan, kêrêp sagêd adamêl kapitunaning mêngsah. Inggih wadya golongan 19 punika ingkang têtela katingal kalangkunganipun, sagêd nanggulangi tuwin mangsulakên mêngsah sayêktos. Nanging kauningana, kapitunanipun inggih botên sakêdhik. Mênggah têrangipun, kacariyos wadya wau wontên 28.000, kalêbêt golongan warni-warni, kathah para sêtudhènipun, dene cacah samantên wau, pinanggihipun kantun prajurit 8000, sanèsipun sami tiwas tuwin nandhang tatu. Namung wohing campuh sagêd adamêl unduring mêngsah ugi kanthi tilar pêpêjah tanpa wicalan, dados têtêp taksih nama unggul.

[Grafik]

Barisaning saradhadhu lautan Jêpan ingkang nuju dhatêng ing Sanghai.

Nanging lêlampahan punika manawi kêdah rame ing salêbêtipun golonganipun piyambak, inggih sampun dilalah, ing sapunika ing golongan Tiongkok wontên tuwuh pasulayanipun pangagêng sami pangagêng, Jendral Dhang Suwèh Liyang pasulayan kalihan Jendral Yèn Sisan tuwin Jendral Pang Yu Siyang pasulayan kalihan Jendral Siyang Kai Sèk, tansah kêdah campuh kemawon. Manawi kalampahan dados campuh, wadya TilongkokTiongkok. tamtu badhe dados ringkih.

Dipun êntosi kemawon badhe kadospundi kadadosanipun, ngrika-ngriki têka sami mêngku mêmala wontên salêbêting badanipun piyambak.

--- 409 ---

Mijil Gurèh

[Mijil]

Pakne Kênthus mêmpêng nêmbang mijil / karo jithêt kathok / linggih ngambèn jegang sèndhèn dhèglèg / pangriptaning têmbung sugih Kawi / pengkalane nrithik / thag-thêg gathuk nuthuk //

kang rinipta sajroning pangrêpi / ngrumpaka wong dodol / sêga pêcêl bongko sambêl wijèn / lan cênggèrèng urang tahu têrik / gêrèh pèthèk blênyik / ngene gone ngidung //

sêganira setanira yèki / akadya bang mênor / apramila arasanya gurèh / janganannya asamya mawilis / sambêlnya jêmpêrit / têrasi akaduk //

cênggrèng urang kyèh nyat lung pnak sru kring / smunya wus tar pewoh / ywan dèn plok gya jro cangkêm krasa lwèh / dyan wak triknya wus tuk jnêng nak yèki / de blênyiknya yêkti / lit-lit sin sawastu //

grèh pèthèknya sawastu dahat sin / tar mawa kang dudoh / kontra masmu menginke tinitèk / wangsonira kaptya ngong ywan mèksi / jatinira pengin / mrih bangkit kalakun //

kyating tyas gya parasdya ngicipi / punang blênyik munggoh / dadya wignya mangkya wrin rasane / tuhu kêni kinarya nêrusi / kanang grèh myang blênyik / tar manggung pasêmun //

bongkonira sawastu sing gudhi / myang klapa kinukos / winungkus ron rodamala kiye / kontra wignya amungkusi wibi / kang dol pêcêl yêkti / bangkitnya satuhu //

sumarminya mangkya ywan ngêdoli / unggyannya amincok / ywan winawis kontra datar wigèh / kadya-kadya duk lagya trap biting / rikang bongko yèki / sawastu kadyèku //

ing samangkya samya samyèng janmi / bok dol pêcêl rêko / sru kapatya lwih sing sasamyane / jatinira wignyanya sayêkti / ywan tan bangkit yèki / sawastu kabêndun //

kang binudya samangkya wit dhihin / datar lèn ginayoh / kaptya ngantya-antya bêbathyan kyèh / akapatya pinudya mrêdya ring / mugya wignya wèh dhwit / pratmaja sawastu //

yeka wibi kang dol pêcêl nênggih / idêrnya trut kampong / kyèh pra samya kanang utang blênyèk / kang tang blênyik wèntên boya yêkti / pambayarnya wuri / wus lumrah wong idhup //

pan wus titi nujwa sajuga ri / ping rong pluh ngat rêko / mrêt tinêngran sasra lwihnya kiye / nawa atus ing tri dasa kadwi / angnetra sumilir / ing wiwara tuhu //

Pun Wija.

Priyantun ingkang ngarang punika kalêbêt ing golongan onjo ing bab nyêkarakên, nanging ing karangan punika adamêl gagrag ingkang nganèh-anèhi, pangikêting ukara kadamêl pating brênggèl. Nanging sarèhning sarjana, karanganipun tamtu mêngku kajêng wigatos.

Tumrapipun para maos Kajawèn, kados dèrèng tamtu mangrêtos. Namung wontên emanipun, pasêmon ingkang namung dipun mangrêtosi dening ingkang ngarang piyambak, sok nuwuhakên kêlintu sêrêping liyan, ingkang pancènipun dados sirikaning sarjana. Ewadene sarèhning lêrês punika botên wontên ingkang ngungkuli lêrêsing pamanggihipun piyambak, namung kasumanggakakên para maos. Ewadene manawi wontên ingkang rumaos kataman suraosing karangan punika, kaanggêpa botên wontên kemawon.

Red.

--- 410 ---

Kawruh Sawatawis

Masjid Agêng ing Surakarta

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 25)

[Asmaradana]

dhumatêng rowangingrèki /rowangirèki. kônca bau ayo mangkat / nanging alon-alon bae / kyai dimène sakeca / nitih tanthutandhu. tan gograg / kang tandhu sigra pinikul / lon-lonan dènnya lumampah //

wus mijil gapura masjid / lajêng byar salin sawangan / katingal lun-alun êlèr / nagari ing Surakarta / para bau kang ngrêmbat / sakalangkung dènnya ngungun / tan pêgat mangalêmbana //

[Mêgatruh]

Kyai Bagus Jamsari ngandika arum / dhuh lurah bau nagari / amrih kapenaking laku / mêdal Cayudan ing margi / nêkuk ngidul lajêng anjog //

ing Gêmblêgan lajêng nêkuk ngulon têrus / nyuda têbih sawatawis / kapala bau umatur / nuwun sandika kiyai / tandhu lumaksana alon //

lampahipun datan kawarti ing ênu / ing Jamsarèn sampun prapti / lon-lonan nyèlèhkên tandhu / wontên ngajênging pandhapi / kyai mandhap alon-alon //

lan ngandika dhumatêng kapala bau / lurah bau ing nagari / sampeyan mangke mang lapur / têng sowanan sri manganti / mring priyagung ingkang caos //

lan ngaturna gih niku sal-angsalipun / pace sukun Glagahwangi / katêlu widara pingul / parijatha kapatnèki / konjuk ing jêng sang akatong //

kula sampun kautus kangjêng sinuhun / Jumngahan mring Dêmak masjid / ing lampah sami rahayu / ngantos wangsul mring nagari / tan wontên kang karya ewoh //

salam tangat sungkêm kula ugi konjuk / ing pada dalêm sang aji / kapala bau lon matur / sandika dhawuh kiyai / kula kalilana bodhol //

Ki Jamsari alon pangandikanipun / mangke kèndêla kariyin / karingête dimèn atus / lan ajêng kula sukani / wedang sêkul sarta lawoh //

saontêne sampun ngangge rikah-rikuh / kyai gya malbèng jro panti / wêwarti mring semahipun / supados anyadhiyani / Nyi Jamsari gupoh-gupoh //

nyadhiyani wedang panganan lan sêkul / pêpak lêlawuhannèki / sampun lumadi sadarum / kyai myang nyai nabda ris / dhuh-dhuh kônca ampun ewoh //

anêdhaa napa èntêne ing ngriku / kapala bau gya bukti / sarowangipun akêmbul / sasampuning sami bukti / kyai angandika alon //

kônca lurah bau ro sadaya niku / saniki kula lilani / dhatêng sri manganti lapur / lan êngga kula sukani / dhuwit minôngka pasangon //

kèhing dhuwit salawe rupyah mang êdum / lan kônca bau kang wradin / lowung kangge tambal butuh / kula niki mung sadarmi / kangge lantaran kemawon //

satêmêne kang paring Hyang Maha Agung / kang murba masesèng dasih / wondene kula sadarum / sami kawulaning Widhi / rina wêngi mung nyênyadhong //

pangapura ring luput kang wus kapungkur / lan nyadhang nugrahèng Widhi / Nyai Jamsari sumambung / dhuh sanak bau nagari / kang nêmbe sami rêkaos // Badhe kasambêtan.

Pr. P.

--- 411 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Tatakrama

II.

Garèng : Ora, Truk, lagi dina Sabtu kang kapungkur, kowe ngomongake, jarene sajêrone jaman bingung kiyi, prêlu padha ngrêmbug ing bab tatakrama. Wah, Truk, iki aku pancèn iya mupakat bangêt, ing jaman kaya ngene kiye, bisa lan grêti nyang tatakrama kuwi, pancèn iya ora ngêmungake prêlu bangêt, malah gêdhe pigunane. Tandhane aku kiyi bae, barêng saiki aku gêlêm nindakake têmênan tatakramaku: sanadyan andina-dina prasasat ora tau nyang ngomah, iya ora tau kapiran. Kaya ta: yèn aku sônja nyang dalême mas Arja, sing biasane blang-blêng sakêpenake dhewe, ing sarèhning lagi ana ing sajêroning jaman bingung mêngkene, iya banjur tak pigunakake tatakramaku, iya iku mangkene: ana ing latar adoh capingku wis tak bukak, lakuku thik nganggo mundhuk-mundhuk, nèk wis cêdhak ing ngomah, banjur nyuwara: kula nuwun, punapa mas Bèi Arja wontên dalêm. Apa manèh nèk sing kagungan dalêm wis miyos, sanadyan maune mung: sa, so, bae, saiki mêsthi nganggo aturan, oraa basa, calathune mêsthi a... lus: wèh, mas Arja, kok kadingarèn nyang dalêm, tak arani lagi tindak-tindak, dadi anggonku sowan ora kêcêlik. Lo, kuwi saka andhap asorku kiyi, dadi saka anggonku ngrêti nyang tatakrama kiyi, suguhane iya anggantêr bae...

[Grafik]

Petruk : Nèk caramu sing kaya ngono kuwi pancèn iya alus, nanging iya aluse... wong ngêmis, dupèh jamane lagi mlèsèt mêngkene, tandang-tanduke nyang kancane banjur andadak diowahi, [di...]

--- 412 ---

[...owahi,] mung prêlune bèn olèh jablogan, yak, nèk kaya ngono kuwi ora kêna diarani: tatakrama, nanging mas ngantèn: nistha. Karo manèh sing tak karêpake jaman bingung, kuwi sing bingung dudu wêtênge sabab dening padha jès bèn, bab kiyi ora niyat arêp tak rêmbug manèh, rasaning pikirku wis jêlèh bosên. Nanging sing tak arani jaman bingung, yaiku bingunge uwong anggone arêp padha ngudi nyang kamajuan, têgêse: nyang kapintêran lan kautamaning wong ngaurip. Sabab, Kang Garèng, kaya-kaya kowe dhewe rak iya wêruh, yèn ing jaman saiki kiyi wong pintêr pancèn iya wis bal-balan têmênan, nanging apa wong-wong sing diarani pintêr mau padha ngrêti nyang tatakrama, hka kiyi cara santrine: wallahuallam.

Garèng : Cocog, Truk, wong aku dhewe iya wis kêrêp mrangguli, jarene wêton pamulangan: H.B.S. (H.B.S.) malah wis ngicipi nang pamulangan luhur barang, ewadene tandang-tanduke mèh sausap karo sêtudhèn... angon kêbo. Hla, pikirên bae, ta Truk, wong lagi ngadhêpi wong tuwane, lungguhe ana ing kursi wis tumpang dhêngkul, thik nganggo èdhèk manèh. Apa manèh nèk krungu unining gramopun, andadak banjur suwat-suwit karo pacak gulu rèntèng, têgêse: gela-gelo sing ora ana lèrèn-lèrène kae. Hara, ingatase wêton: H.B.S. rak wis kêna diarani: wong pintêr, ta, nanging bokmanawa iya saka pintêre mau, ing wusana tatakramane banjur... dibêsènêh.

Petruk : Wiyah, kok le ora mèmpêr mêngkono, ana tatakrama kok dibêsènêh. Kang Garèng, sanyatane yèn ana wong nonoman pintêr, nanging ora ngrêti nyang tatakrama, kuwi sing wajib disalahake pancène dudu si nonoman mau, nanging wong tuwane. Awit sing wajib mulang tatakrama kuwi wong tuwane. Aja kok wong tuwa mung naliti rêpotane sakolahan bae, dupèh bijine anake wolu sanga bae, banjur apa-apa dijorna, iya arêpa: anjungkir walik, klintongan, kloyongan, dalasan arêpa: pring padha pring...

Garèng : Mêngko sik, Truk, mêngko sik, aku kok rada lali cara Mlayune, mungguh karêpmu: pring padha pring kuwi kêpriye. Kaya-kaya nèk aku ora kaliru, kuwi rak bangsane: sontoloyo, grompol thèk barang kae, dadi jênênging gêndhing, ana kok banjur kok cakake nyang tindak lakune: anaking uwong.

Petruk : Pancèn iya jênênging gêndhing. Tumraping wong tayuban upamane, yèn sing bêksa wis mundhuti gêndhing pring padha pring, kêna diunèkake ora ana sarusikune, wong iya pring padha pring, thuthuk-thuthukna kae wong iya mung pring karo pring, rak ora dadi ngapa, ta. Mêngkono uga tumrape wong tayuban, sing jogèd karo warangganane kuwi arêpa kêpriya-kêpriye kae rak iya ora dadi ngapa, wong iya pring padha pring, alias: kulit sama kulit, tidhak jadhi apah, sèh...

Garèng : We, hla, têngik têmênan, dadi gênahe kowe kuwi nyêmoni wong tuwa anggone ngêjorake carane sêsrawungan para nonoman [no...]

--- 413 ---

[...noman] jaman saiki, anggone lanang karo wadon bisa sêsrawungan kalayan sasêkecaniranèki. O, hla wong endah-endah bangsane kolot, ora ngrêti nyang jaman modhèrên kiyi, tur awake dhewe wis ora bisa nglakoni manèh. Saka anggone munggah mêdhun kalamênjinge nèk nyawang sêsrawungan sing ngrêsêpake mau, lan awake dhewe wis kêtuwan arêp mèlu-mèlu, saikine banjur main nacad bae, ngono kuwi: saru mênggala, nèk ngene: saru dijaya, nèk mêngkono: saru diningrat, wèh, iya mung arêp nacadi bae. Nanging, Truk, ora bab kiyi sing lagi dirêmbug, nanging bab: tatakrama. Mara, andharna dhisik mungguh sing diarani: tatakrama kuwi.

Petruk : Kang Garèng, tatakrama kuwi sing baku ana loro, yaiku tatakrama batin, lan tatakrama lair.

Garèng : Wis ngrêti aku, Truk, nèk sing diarani: tatakrama batin kuwi, yaiku: wong sing nandukake tatakramane nganti tumêka ing batin têmênan, dudu sing laire nyêmbah sedhokan tanpa ana lèrèn-lèrène, nanging ing batin marang wong sing disêmbah mau anggrundêl mêngkene: disambêr gêlap ping pitu likur dhur-dhuran, wis wandamu kaya brutuning pitik tukung, kathik angêcuwis bae.

Petruk :O, hla salah wèsêl sing nganti saêpos, Kang Garèng, ora mêngkono mungguh karêpe tatakrama batin kuwi. Liya dina bae tak têrangake sing nganti talêsih, saiki rêmbugane padha dilèrèni samene bae dhisik.

Oto Bale Pustaka

[Grafik]

Oto panyadenipun buku Bale Pustaka nuju wontên ing Medhan, Sumatra Wetan.

--- 414 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS

TANAH NGRIKI.

[Grafik]

Commissie Ekonomi. Kawartosakên, Tuwan C.W. Bodenhousen, vice-president Raad van Indie, kèndêl anggènipun jumênêng dados pangarsa Commissie Ekonomi, kanthi angsal pangalêmbana saking nagari. Dene ingkang gumantos R.A.A.A. Jayadiningrat, warga commissie wau tuwin warga Raad van Indie.

Pangiritan ing S.S. Kawartosakên, S.S. badhe nindakakên pangiritan, ingkang kintên-kintên angsal-angsalanipun langkung saking 5 ton. Pangiritan wau sarana badhe ngrikatakên lampahing sêpur kilat, ingkang dhatêngipun ing Surabaya kasuda 42 mênit, dene ingkang dhatêng Bêtawi kasuda 34 mênit. Wontên sêtatsiun 17 kadadosakên stoplaats, satunggal kadadosakên sêtatsiun. Sêpur Kalisat-Panarukan kadadosakên tram, punika sagêd nyuda 1/2 ton.

Angsal-angsalaning pangiritan wau inggih nama lumayan.

Pandung kajêng jatos. Ing Gunungkidul, Ngayogya wontên pandung kajêng jatos kadênangan dening jagi wana, pandung sami bibar, wusana wontên ingkang kacêpêng, cacah tiyang 26, sarêng kaladosakên dhatêng pangadilan kaukum ngawan wêlas dintên.

Sami-sami kadurjanan, durjana kajêng jatos punika manawi kapêngkok sakêlangkung nyamari, jalaran kêpapagipun wontên ing wana, sok lajêng nekad. Nanging mênggah wosipun, anggèning nekad wau botên liya namung jalaran prakawis pados têdha.

Dipun kunjara jalaran nyalingkuhakên arta f 275.-. Kawartosakên, juru sêrat wêdana ing Cililin ingkang ngrangkêp hulpostcommies, katahan ing pakunjaran jalaran nyalingkuhakên arta postwissel gunggung f 275.-.

Sami-sami padamêlan nyêpêng arta, punika kagolong angèl, angèlipun wau jalaran pêpindhanipun kados cowuk-cawuk madu, dangu-dangu tamtu gupak, botên lajêng wisuh, malah dipun dilat. Mila para ingkang kawajiban ing damêl babagan wau kacakêtana ing èngêt.

Ing bab mrajaya guru wanita ing Salatiga. Kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn, guru wanita ing Salatiga, ingkang dipun prajaya dening jongos, punika sanès guru ing H.I.S. nanging ing H.C.S. ingkang kaprajaya nama Nyonyah Joa Hok Kay, ingkang mrajaya nama Suratman, saha lajêng suduk salira piyambak. Ing sapunika Nyonyah Joa taksih dipun upakara wontên ing griya sakit. Mirit anggèning tiyang ingkang mrajaya suduk salira, kados-kados sampun ngrumaosi dhatêng kalêpatanipun, nanging samantên punika namung tuwuh saking pangintên.

Usul basa Indonesia (Mêlayu) benjing congres B.O. Kawartosakên, pang B.O. Sêmarang badhe usul wontên congres B.O. ing Surakarta benjing Mèi ngajêng punika. Supados warganing raad golongan B.O. ing sabên parêpatan nganggea basa Indonesia.

Manawi usul punika sagêd kasêmbadan, basa Indonesia manggih kamajêngan.

Ngêncêngkên pajagèn. Pangrèh praja ing Imagiri, Ngayogya, nindakakên kêncênging pajagèn, ing sabên dintên papan-papan ingkang sêpên kêdah dipun sambangi, manawi dalu tiyang rondha tansah mubêng. Wontênipun tindak kêncêng makatên punika amargi ing mangsa punika ing bawah Ngayogya sakalangkung rêsah, begal sêbrot botên pilih wanci, ngantos damêl kasamaranipun tiyang lumampah.

Pinanggihipun wontên ing mangsa punika tiyang tansah nyamarakên dhatêng tuwuhing tindak rêsah ingkang jalaran saking jaman malèsèt, dados tuwuhing rêrêsah punika sampun nocogi kados raos pangintêning ngakathah. Pinuji sirêpipun kemawon.

Jaarmark Surabaya. Kawartosakên, jaarmarkt ing Surabaya sampun anêtêpakên, ing taun punika botên kawontênakên, amargi nuju mangsa kados makatên.

Manawi makatên Jaarmark ing Surabaya ing taun punika kawon kalihan Pasar Gambir, awit Pasar Gambir lêstantun tanpa sambekala.

Mitulungi golongan angguran. Saking rekadayanipun para anèm, ing Imagiri, Ngayogya, ngêdêgakên pakêmpalan ingkang sêdyanipun badhe nulungi para angguran, sarana ngêdêgakên tukang cukur, tukang blangko tuwin grêji, ngiras kangge ngajari dhatêng warga sanès-sanèsipun ingkang dèrèng sagêd.

Tuwuhing manah nêdya rukun, mugi nêrusana dipun tampi ing para angguran kanthi gambiraning manah, sarta manggiha wohipun.

Nyuwun pasitèn. Ing rêdi Walat, Sukabumi, rumiyin wontên pasitèn jêmbaripun 1000 bau, ingkang kala ing taun 1921 tuwin 1922 kapasrahakên dhatêng têtiyang kanan keringipun ngriku, salajêngipun dipun garap. Siti wau wusananipun dipun jabêl saking ingkang anggarap, kadadosakên wana tutupan. Ing sapunika têtiyang ing ngriku badhe nyuwun wangsuling siti wau malih, dene ingkang kangge wêwaton, sapisan jalaran saking jaman kados makatên, kathah ingkang sami kêkirangan; kaping kalihipun, wana tutupan punika damêl kapitunanipun ngakathah, awit kathah kêthèk tuwin andhapanipun sami ngrêrisak tanêman.

Rekadaya kados makatên punika wohipun kadospundi, dèrèng kasumurupan.

--- 415 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

1. Tuwuhing Katrêsnan

4.

Nonah Dhorah lajêng mangsuli sajak ngêgèt: Iya, iya, sesuk tak rana karo Dèn Ajêng Nar.

Lo, aja. Kowe dhewe bae.

O, Su, kowe kudu ngrêksa gunêming wong liya. Apa kowe lali mênyang gunêmku mau.

Ah, Dhorah, uwong ing nagara kene kabèh rak wis padha wêruh mênyang anggonku sêsrawungan karo kowe, malah wis wiwit dhèk kowe lan aku isih padha bocah pisan, apa kang bakal kopakewuhake. Wah manèh anggonmu ana kutha kene mung kari limang dina, apa kowe ora bakal mênyang ing omahku. Dhorah, kowe aja pakewuh, anaku ngomah karo ibuku. Sesuk sore jam lima ya: Dhorah.

Nonah Dhorah mangsuli kalihan narik napas landhung: Ya... bêcik.

Ing ngriku Radèn Sumarta lêga ing manah, lajêng nyandhak tanganipun Nonah Dhorah, drijinipun ingkang mucuk ri lajêng dipun candhak saha dipun rêmêt sarosanipun kalihan wicantên: Dhuh jiwaku.

Nonah Dhorah anjêlèh kados nêpsu, nanging linut ing èsêm: Atho, atho. Aja sêmbrana kowe, iki rak ana pinggir dalan gêdhe.

Aja lali, sesuk jam lima: lo, Dhorah.

2. Bapa lan anak.

Bapakipun Nonah Dhorah punika bôngsa Prancis, nama Tuwan Be, rumiyin dados arsitèk, sapunika sampun pènsiun. Sarêng sampun diwasa, gêsangipun rêmên miyambak. Tuwan wau kala rumiyin bojonipun tiyang Jawi, sampun dipun kawin wontên ing grija, dipun sêbut nyonyah. Sangajaling bojo, lajêng botên purun momoran tiyang sanès, botên nate sônja dhatêng griyaning tiyang, nanging manawi wontên tiyang ingkang dhatêng ing griyanipun, sanadyan botên rêna, inggih dipun tampèni, tindak kados makatên punika sampun dados adatipun tiyang Prancis.

Kasênênganipun Tuwan Be punika ambêbujêng. Sanadyan sampun ngumur 60 taun, taksih kadugi ngambah wana ingkang agêng-agêng, minggah rêdi ingkang inggil-inggil, makatên ugi mandhap ing jurang lêbêt. Manawi tuwan wau sampun asikêp sanjatanipun rèpêtir, botên ajrih papagan kalihan sima tuwin kewan galak sanès-sanèsipun. Ing samôngsa wontên sanjata mungêl, sampun tamtu angsal gotongan. Dene ingkang dados karêmênanipun ambêbêdhag sima, manawi ambêbêdhag, antukipun gumantung satêlasing sangu. Tur tamtu angsal damêl.

Wacucaling sima wau lajêng dipun pe, saha salajêngipun dipun jantoni jampi ingkang andadosakên prayogi, ingkang kadamêl wados. Sasampunipun garing, lajêng dipun lêbêtakên dhatêng pêthi, kakintunakên dhatêng Paris, murih dipun rêsiki. Sawangsulipun, wacucal wau sampun dados padagangan, dipun kintunakên dhatêng pundi-pundi. Inggih tindakipun makatên punika ingkang andadosakên wêwahing panggêsanganipun. Dene panggêsanganipun wau namung maligi kangge maragadi anakipun inggih punika Nonah Dhorah.

Nalika Nonah Dhorah dipun tilar ngajal biyungipun sawêg ngumur 6 taun. Kala samantên Tuwan Be taksih dados arsitèk.

Nalika Nonah Dhorah tamat saking pamulangan andhap, lajêng dipun kintunakên dhatêng Batawi, nglajêngakên sinau malih, manggèn wontên ing griya pamondhokan lare èstri ing Salêmbah, amargi botên gadhah sanak wontên ing Batawi.

Kala samantên manahipun Tuwan Be prihatos sangêt, amargi botên tega nilar nagari S ingkang dados dununging kuburipun ingkang èstri, lan malih nagari wau nama nagari wutah rahipun ingkang èstri, piyambakipun kêpêksa tumut anrêsnani. Kesahipun saking Prancis kala rumiyin, pancèn nêdya oncat, amargi sakit ing manah. Kawontênanipun nagari Eropah sampun botên nênarik manahipun. Nanging ing kala punika ugi rumaos awrat anggèning badhe pêpisahan kalihan anak, awit sênênging gêsangipun namung kalihan anak, ingkang namung satunggal thil punika.

Nanging ing bab sêkolahing anakipun, kêdah dipun tindakakên, lan kêdah milih sêkolahan ingkang pantês. Pamanggihipun Tuwan Be, ing bab bôndha têtilaran, punika tumraping anak botên badhe tumônja punapa-punapa. Dene ingkang wigatos, anak punika kêdah angsal wulangan kawruh ingkang ngantos inggil, punika ingkang badhe dados sarana sangu gêsang. Sampun ngantos bapa dipun têtah ing anak ing têmbe wingking. Sayêktosipun Tuwan Be ing manah inggih tansah mongga-manggu ing bab anggèning badhe nyêkolahakên anakipun,

--- 416 ---

dening rumaos botên sagêd pêpisahan sakêclapan kalihan anakipun wau.

Jalaran saking kawontênan ingkang kados makatên punika, lêbêtipun sêkolah Nonah Dhorah wontên pamulangan andhap, sarêng sampun ngumur 8 taun. Satamatipun saking pamulangan Tuwan Be mandhêg mangu ing manah malih, badhe kasêkolahakên M.U.L.O. wontên ing nagari sacêlakipun kemawon, punapa dhatêng H.B.S. ing Batawi. Dene panêmpuhipun pandadaran Nonah Dhorah dhatêng pamulangan kalih pisan wau kêcêpêng sadaya kanthi gampil. Nanging jalaran saking grag-grêging manahipun Tuwan Be, saking rumaos botên sagêd pêpisahan kalihan anak, Nonah Dhorah kêpêksa namung nganggur ngantos kalih taun. Ing salêbêtipun kalih taun wau namung andhuwêl wontên ing griya kemawon. Makatên punika anjalari anggènipun anglajêngakên sêkolah sampun ngumur 16 taun, lajêng bidhal dhatêng Batawi.

Pinanggihipun wontên ing lêlampahan ingkang kacariyosakên punika, Nonah Dhorah nuju liburan, dene anggènipun sêkolah wontên H.B.S. sampun angsal tigang taun. Sayêktosipun Nonah Dhorah sampun nêdya mêdhot anggènipun sêkolah, cêkap samantên kemawon, nanging tiyang sêpuhipun sangêt amambêngi, kêdah kadumugèkakên ngantos satamatipun gangsal taun.

Nonah Dhorah punika sanadyan sawêg ngumur sangalas taun, nanging sampun ngrumaosi diwasa. Saya manawi nitik ayuning warni ingkang tansah winangun ing birai, saya cêtha kadiwasanipun. Dene tuwuhing raos kados makatên punika, botên liya jalaran saking tansah mirêng pangalêmbananing para kakung neneman ing Batawi. Malah ing sajatosipun, Nonah Dhorah sampun anampèni sêrat-sêrat pangajap sih saking para neneman, ingkang kalêmpakipun ngantos mumbruk dados sawadhah. Kajawi punika sabên dintên inggih taksih lumintu anampèni sêrat saking pos, ingkang suraosipun ugi sami kemawon. Nanging sêrat sadaya wau botên wontên ingkang dados panuju ing manah, ing batos malah gumujêng, e, dene tiyang samantên têka sami kados makatên sadaya.

Kajawi punika taksih wontên malih sêrat-sêrat ingkang linut ing têmbung pangancam-ancam: manawi Nonah Dhorah botên miturut, badhe dipun sanjata, wontên ingkang badhe ngèlèkakên lèpèn, tuwin sanès-sanèsipun. Nanging sawarnining pangancam wau, botên tinampi samar, awit Nonah Dhorah botên ngrumaosi andhêdhêr piawon. Dene sêrat sadaya wau sami dipun rimat wontên ing pêthèn tilaraning biyungipun, lan Nonah Dhorah piyambak botên mangrêtos, sêrat wau ing benjing badhe kangge punapa. Nanging manawi Nonah Dhorah kêpêksa kêpranggul ing tiyang nglairakên ucap ingkang sambêt kalihan suraosing sêrat, dipun wangsuli ing têmbung manis, ingkang suraosipun: dèrèng pantês amatrapakên têmbung kados makatên dhatêng lare sêkolah. Mila botên lêpat anggèning mastani Nonah Dhorah punika acumbu-cumbu lalêr, awit sajatosipun taksih sarwa makèwêd.

Nonah Dhorah sasampunipun pêpisahan kalihan Radèn Sumarta, lajêng malêbêt ing griya rêrikatan, saha lajêng anjujug panggenaning bapakipun, ingkang nuju ngombe wedang dipun sambi maos sêrat kabar, wicantênipun: Dhah, pah.

Bapakipun mandêng Nonah Dhorah ingkang guwayanipun taksih katingal mangar-mangar kalihan mangsuli: Dhah, Dhorah.

Mangar-mangaring guwaya tumrap Nonah Dhorah, punika sampun dados adatipun, saya manawi pinuju main tênis, dados botên pisan-pisan dados pamanahaning bapa, namung ing bab rongèhing solah, punika andadosakên gagasan.

Nonah Dhorah lajêng srog linggih ing rêsban, rakèt dipun bucal: glodhag, lajêng ucul sêpatu, inggih lajêng dipun bucal têbih, wusana lajêng anggaledhag tilêman, cêp tanpa kumêcap.

Patrap kados makatên punika tamtu kemawon tansah dipun sawang ing tiyang sêpuhipun.

Botên dangu Nonah Dhorah angundang rencang, suwaranipun dumêling: Din.

Kula dara nonah.

Anjaluk ès sêtrup... sêtrupe asêm... ah ora: dhing, sêtrup mawar bae... Botên dangu mungêl malih: Din, Din, anu ah banyu Lônda bae. Nanging dèrèng ngantos dipun ladosi, lajêng gregah tangi nusul dhatêng bipèt kalihan muring-muring, saking sêlak botên bêtah ngêlakipun, lajêng ngiling toya Walandi piyambak, ngantos ambaludak, saha lajêng dipun ombe: cêgog, cêgog. Sisanipun dipun cêmplungi ès, lajêng wangsul dhatêng palinggihan kalihan ngombe, sagêlas mèh têlas. Wusana lajêng tilêman malih, unjal napas, gêlasipun dipun dèkèk ing kênap andhap.

Bapakipun wicantên kanthi manis: Dhorah, genea dene kowe duwe tindak kaya mangkono.

Wangsulanipun: Genea, ta pak.

Polahmu kok beda karo padatan. Bok ya sing rada sabar, wangune ana sabab kang karasa ana ing atimu.

Ah, ora apa-apa kok, pak, mung saka bangêt sayahku mêntas main tênis.

Yèn mangkono sukur. Turokna: ta, sadhela, napasmu bèn aso. Klambimu angêt aja ko bukak, mundhak masuk angin. O, anakku gèr, dene rupamu wis katon diwasa.

Nonah Dhorah botên mangsuli, mripatipun mandêng dhatêng plangitan, araos suwung. Dene bapakipun lajêng maos sêrat kabar malih. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]