Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-04, #1647

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1932, #1647
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-01, #1647. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1470.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-02, #1647. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1471.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-03, #1647. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1472.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-04, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1473.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-05, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1474.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-06, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1475.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-07, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1476.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-08, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1477.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-09, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1478.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-10, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1479.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-11, #1647. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1480.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-12, #1647. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1481.

Ôngka 27, 25 Dulkangidah Je 1862, 2 April 1932, Taun VII.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [417] ---

Ôngka 27, 25 Dulkangidah Je 1862, 2 April 1932, Taun VII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Tatwawara

Pêthikan saking Sêrat Rama

(Wulangipun Arya Wibisana dhatêng para bupati Ngalêngka)

[Sinom]

têtêpe rahayuning prang / kasudiran anèng wuri / prakara kang dadi rasa / rinasanan kang patitis / purwane dadi jurit / sapa bênêr sapa luput / ing kono pan katara / sor unggule ing ajurit / wêwinihing prakara aja tinilar //

apan ana kuna-kuna / pratingkah ingkang winuri / wong agung ngadoni laga / kang apês unggul pinanggih / iya lawan piranti / prakara pratingkah saru / lan rahayu karuh (wruh) an / winawas saking samadi / samya sirêp sagung bupati kang myarsa //

marma na mrih animpuna / tindaking upaya sandi / panjoring karti sampeka / kinawruhan aja lali / lawan traping pakolih / unggul asor mrih tinêmu / têtêping karaharjan / anut ing bênêr lan sisip / lamun sisip purwane sor ing wasana //

yèn bênêr unggul wasana / ywa dupèh sira gêng inggil / iku buwang kaprayitnan / luput ngêndêlakên dhiri / wanara iku cilik / kinêpêla bae kolu / mung dadi sauntalan / mulane Wikathaksini / nguntal kêthèk tan kolu gulune suwak //

--- 418 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Tatakrama

III.

Garèng : Wah, Truk, anggonku golèk katêrangan mungguh sing diarani: tatakrama batin, kuwi nganti kitab lan buku pira bae sing tak olak-alik, ewasamono mêksa durung kêcandhak. Ing môngka nèk rumasaku buku lan kitab sing tak biyak-biyaki mau iya buku lan kitab-kitab sing ngrêmbung bab piwulang, pitutur lan sapêpadhane bae, kaya ta nèk bangsane kitab iya kitab: Usuludin, Mêjêmuk, Munjiyat, nèk bangsane buku iya layang-layang: Sanasunu, Wulangrèh, lan liya-liyane. Malah ana manèh layang sing anggonku maca nganti katam tur tak talêsihake bangêt, ewadene bab tatakrama batin mau iya ora ana katêrangane. Dene layang sing dak waca nganti katam sarta talêsih mau, iya iku layang... Jiljalaha.

[Grafik]

Petruk : Hêm, kok iya lumrah, ya, manusa kuwi luwih dhêmên marang kamaksiyatan tinimbang karo kautaman, buktine bae: yèn ngrungokake wong maca manakib, yaiku sing nyaritakake lêlampahane Sèh Abdul Kadir Jaelani utawa ngrungokake darusan, lo, kuwi sing akèh-akèh mênthêlênge mripate iya nèk mêtu sêdhêkahe. Beda karo nèk ngrungokake wong sing ngrasani alaning tôngga têparone, utawa ngrungokake rêmbug calêmêdan, wah, hla kuwi ambok ya kapat sasur wêngi matane iya mlolo bae. Mêngkono uga mungguhing buku utawa kitab, saupama buku utawa kitab sing pancèn isi piwulang lan pitutur, iya mung diolak-alik lan dibiyak-biyaki bae, nanging nèk bangsane layang: Jiljalaha, sing isine angrêmbag [a...]

--- 419 ---

[...ngrêmbag] bab: royal-royalan, ropyan-ropyanan, iya diwaca têmênan nganti katam lan talêsih. Jênêngane bae: Jiljalaha, rak iya wis cêtha, ta, yèn saka: jajil ala, dadi iya wis lumrah nèk isine: blondrokan, blondrongan. Coba, saupama anggonmu maca layang-layang utawa kitab-kitab sing kok sêbut dhisik mau, kanthi talatèn lan têmênan, kowe mêsthi bakal mêruhi, apa sing dikarêpake: tatakrama batin kuwi. Wis, wis, rungokna, tak wêjangi saiki. Sabênêre mêngkono tatakrama batin kuwi mung tumrap rasa lan pikiran.

Garèng : Wis ngrêti saikine aku, Truk, nèk mêngkono karêpmu. Tatakrama tumraping rasa, ya kuwi mêngkene: saupamane aku mêdhayoh disuguhi mangan: sêga wadhang wis mambu, jangane mênir thik wis ngilêr, sambêle garing. Sanadyan sabênêre suguhan sing kaya ngono kuwi wajib tak tolak yèn arêp liwat mêtu cangkêmku, nanging ing rèhne rasaku anduwèni tatakrama, iya tak pangan bae, karo aku ngucap mangkene: alkhamdulillah, wah, rasane kathik le nikmat...

Petruk : Wiyah, kuwi rak saka ngintir-intire wêtêngmu, nganti cara santrine sing muni mangkene kae: sa - yu - b bih - yah - ko (iki aksara: kophlo) lu. Têgêse: sanadyan sayuba iya kolu bae.

Garèng : Hla, kuwi nèk Petruk, nèk wis gêlêm sawiyah-sawiyah nyang wong, anggone ora duwe wêlas pisan-pisana, sasat andakwa uwong lêngganan ora ngliwêt ane. Dene mungguh panêmuku ing bab tatakrama tumraping pikiran, kuwi mangkene upamane: nèk aku dadi mantri pulisi, môngka lagi ana ing sajêroning kumpulan tayuban, ing kono bêndara wadana ngandika mangkene: dhi mantri, ana ing tayuban kuwi, nèk ora ana: ape ane rasane kok cêmplang, ya. Lo, kuwi Truk, sanadyan aku ora dhêmên babarpisan nyang abuk-abukan ana ing sajêroning tayuban, nanging ing sarèhning pikiranaku tatakrama, wangsulanaku nyang dhawuhe bêndara wadana mau iya mangkene: nun inggih, mila inggih kasinggihan dhawuh panjênêngan.

Petruk : Yak, kuwi jênênge rak pikiran arêp golèk... pêndhok. Wis, wis, Kang Garèng, aja tungkul nyaru omong, wong panampamu kuwi pijêr ngrujak sêntul bae, saiki tak caritani mungguh tatakrama batin tumrap rasa lan pikiran. Wong kang wis alus bêbudène, bab tatakrama batin kuwi wis ngrêti bangêt, yaiku: yèn ing donya iki ana pranatan kang adil bangêt. Mulane iya banjur ora gêlêm nindakake samubarang laku sing marakake ala tumrap awake dhewe utawa tumrap sapadhaning tumitah, awit wis ngrêti kanthi diantêpi ing pangrasa lan pikiran sing wêning, yèn kabèh panggawe kuwi mêsthi ana kadadeyane sing timbang utawa cocog karo panggawe mau. Utawa kabèh kadadeyan kuwi, ana jalaran utawa sababe. Upamane wiji timun, saupama ditandur, thukule iya dadi timun, wohe iya timun, ora kok banjur dadi nôngka utawa jambu bol. Êndhog pitik, nèk nêtês, iya dadi kuthuk, ora dadi bangkong, mêngkono sapiturute. Dadi wis mangrêti, manawa [ma...]

--- 420 ---

[...nawa] panggawe bêcik, kadadeyane iya bêcik, mulya, bêgja. Kosokbaline, nèk panggawe ala, kadadeyane iya ala, nistha, sangsara.

Garèng : Ora mêsthi, Truk. Wong jamane saiki kiyi wis jênêng jaman edan. Ora lôngka bae, wong sing pancèn narima lan ngalahan, malah banjur kêpêksa kudu ngêlèng, nanging wong sing pêthenthengan, sing ambêg siya, kathik dièmbèl-èmbèli wêwatêkan jail mêthakil, jêbul malah muluk drajate nganti kaya: jêngge. Wong aku dhewe wis tau ngalami priyayi sing ala atine, drêngki, jail lan mêthakil, ewadene wusanane iya apangkat luhur têmênan. Anggonku kôndha: ala atine, drêngki lan sapiturute, lo, kuwi mangkene: nalikane pangkate isih cilik, gawene sok dhêmên ngintipi alane pandhuwurane, nèk wis kêcandhak banjur diongkrèk-ongkrèk...

Petruk : Wis, wis, kok banjur anjupuk tuladan sing ora bêcik mêngkono. Wis mêsthi kèh-kèhing uwong iya ana bae, sing dilulu dening Jiljalaha. Nanging apa iya ora bakal ana piwêlèh sing bakal disandhang ing têmbe burine, kiraku mêsthi ana. Dadi sing akèh-akèh, nèk kamulyane mau saka panggawe ala, iya mung dumunung ana ing awake dhewe bae, têgêse ora wêlas mênyang anak turune, sing ora wurung mêsthi bakal dadi karang abang. Wis, wis, rêmbugane padha disêtop samene bae dhisik, liya dina bae dibanjurake manèh.

Pirantos Mêsin

[Grafik]

Sanadyan kêkajêngan ingkang sampun ngumur têtaunan, ugi sagêd kabêdhol kapindhahakên dhatêng liyan panggenan malih. Kados gambar sisih punika, saking kêkiyataning pirantos mêsin, ing sajawining kitha Londhên, Inggris, têtiyang nuju tumindak ing damêl mindhah satunggiling kajêng agêng dhatêng sanès panggenan, badhe katanêm malih.

--- 421 ---

Raos Jawi

Dongèng Panglipur Manah

Wontên pasêmon Jawi ingkang mungêl: padha ditêguh cêkêlan waton. Lah kadospundi mênggahing pikajênganipun, sampun têmtu sakathahing tiyang pamanggihipun inggih beda-beda. Ananging sanajana pamanggih wau beda-beda, kados manawi dipun padosi kanthi nalar ingkang wêning, dangu-dangu sampun têmtu inggih sagêd nunggil raos. Kados upaminipun kathah kemawon, tiyang ingkang pados margining katêntrêmaning gêsangipun, dipun lampahi mawi lampah warni-warni, kados ta: tirakat, pati gêni, siyam lan sapanunggilanipun. Sadaya lampah wau mêsthinipun inggih sampun kanthi antêpipun piyambak-piyambak, ingkang sampun sumèlèh cocog kalihan kawontênan ingkang nama lêrês. Môngka ingkang nama lampah lêrês punika, sajatosipun inggih botên gampil, kados upami wontên tiyang sampun gadhah rumaos lêrês mênggahing lêlampahanipun, anamung lajêng wontên tiyang sanès ingkang anglêpatakên lampahipun wau, adhakan tiyang ingkang sampun ngakên lêrês wau lajêng santun pamanggih, gêla utawi lajêng bingung, kadospundi mênggah ingkang nama lêrêsipun.

Dados sadaya ingkang nama lêrês ing ngriki, saking pamanggih kula tiyang kêdah gadhah antêp kalih warni, inggih punika lêrês mênggahing umum, tuwin lêrês mênggahing khakipun piyambak, sukur tiyang sagêd anglampahi kalih-kalihipun. Upami: tiyang sawêg malampah-malampah, dumadakan lajêng sumêrêp lare cilaka, dhawah saking anggènipun mènèk, môngka ing wêkdal punika namung piyambakipun ingkang nyumêrêpi, lah tiyang wau lajêng wajib kêdah anulungi, dados kangge raos piyambak sampun ngakên lêrês mênggahing tindakipun, namung kangge tiyang sanès inggih mastani lêrês, dados tindakipun tiyang wau nama lêrês mrika-mriki.

Anamung wontên sawênèhing lêlampahan, ingkang tiyang sanès mastani kalinkukalintu. lampahipun, ananging ingkang anglampahi sampun ngakêni lêrêsipun, punika ingkang sok lajêng adamêl bingunging ingkang botên mangrêtos. Wontên kupiya dêdongengan kina makatên:

Ing jaman rumiyin wontên satunggiling lare miskin, sampun katilar pêjah bapak tuwin biyungipun, damêlipun namung angèn menda tilaraning tiyang sêpuhipun. Sabên-sabên angèn menda mêsthi sangu suling, kangge pirantos sênêng-sênêng wontên ing pangenan. Anggènipun anyuling sampun kulina sangêt, tur manawi nyuling anggadhahi daya ingkang sagêd andudud raos dhatêng ingkang sami mirêng, upaminipun sawêg anyuling lagu ingkang angêmu raos susah, lagu Mêgatruh saupami, punika ingkang mirêngakên ngantos gadhah raos sangêt nalôngsa, ngantos sami angruntuhakên luhipun. Kosokwangsulipun malih, manawi lare wau pinuju nyuling lagu ingkang ngêmu sênêng, punika ingkang mirêng inggih ngantos katarik sami gumujêng sênêng, dalah sipating kewan kemawon, kacriyos manawi mirêng panyulinging lare wau, inggih sami kayungyun. Anamung anèhipun lare wau,

--- 422 ---

kasagêdanipun nyênyuling namung kangge kasênênganipun piyambak kemawon, têgêsipun botên purun dipun tanggap ing têtiyang kathah, punapa malih mawi dipun sukani epahan, babarpisan botên purun anglampahi.

Kacriyos ing satunggiling dintên, lare miskin wau pinuju angèn wontên ing gêgisik, sapinggiring sagantên, nalika mendanipun sampun sami tuwuk, lajêng sami anjêrum wontên ing sangandhaping wit ingkang ngrêmbuyung, pun lare wau inggih lajêng ngaso linggih sèndhèn ing wit wau, sinambi anyuling ingkang lagunipun anganyut-anyut damêl tarênyuhing manah ingkang sami mirêng. Kocapa sakathahing bêbujêngan ing salêbêting sagantên, sarêng mirêng swantêning suling wau, lajêng sami arêbut dhucung nyakêt ing prênahing swantên wau, rubung sami mirêngakên, wasana sadaya lajêng sami anangis pating salênggruk, labêt saking sami kataman ing raos ingkang sangêt nalangsanipun. Ing ngriku kacriyos, patihing ratu buron sagantên wau ugi tumut aningali, lan ugi nangis botên karaos. Sarêng lare wau rampung panyulingipun, kyai patih lajêng dhawuh dhatêng lare wau, bilih sulingipun badhe katumbas, sapintên rêginipun badhe kabayar, anamung botên dipun sukakakên, dipun lintoni pangangge ingkang sae-sae, inggih botên angsal.

Kyai patih wau sasampunipun punika, lajêng sowan ing ngarsanipun ingkang jumênêng nata ing sagantên wau, inggih punika Sang Hyang Baruna, matur manawi wontên satunggaling lare angèn, kasagêdanipun anyuling anggumunakên sangêt, mugi wontêna karsa paring dhawuh, awit manawi kalajêng, sagêd risak sadaya kawula sakathahing ulam. Kyai patih wau matur, sadaya kawontênanipun nalika tumut aningali panyulinging lare wau, dipun andharakên punapa ingkang pinanggih.

Sang prabu nalika mirêng aturipun kyai patih wau, kapengin sangêt anêdhaki, lajêng tindak dipun irid kyai patih. Sadumuginipun ing panggenanipun lare ingkang nyuling wau, lêrês sawêg nyênyuling malih, lagunipun lagu sênêng sangêt, ngantos sang prabu wau têrus ambêksa anglètèr wontên ing ngriku. Sasampunipun rampung, sang prabu karênan sangêt, saha lajêng dhawuh, puruna lare wau andhèrèk sakêdhap dhumatêng kratonipun sang prabu, prêlu dipun dhawuhi nyuling wontên ing kadhaton. Dilalah lare wau gampil kemawon têrus purun andhèrèk, ambyur ing dhasaring sagantên, sakêdhap sampun santun paningal wontên ing salêbêting kadhaton ingkang asri sangêt, sarwa pating glêbyar cahyaning mas tuwin intên, sasampuning kêmpal sadaya para kawula, santana, putra miwah putri, lajêng wiwit dipun dhawuhi nyuling. Badhe kasambêtan.

Sukirman.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 763 (t. R. Wirodikoro) panjênêngan lakar dèrèng dipun kintuni, awit wulan April sampun ambayar, nanging Mèi, Juni dèrèng.

Lêngganan nomêr 7311 (t. Saidin), Kajawèn nomêr 11/12 sampun têlas. Botên sagêd ngaturi.

Lêngganan nomêr 3144 (t. Tjokrodikdo), f 4.50 punika cêkap kangge sataun punika.

--- 423 ---

Wulang Sae

Murka Margining Tuna

[Dhandhanggula]

Purwèng gita sinawung artati / dêdongengan adhapur carita / nguni wontên sato gêdhe / kang ambêgnya adigung / gung aluhur ngêpak sasami / tan ngrasa kêna lena / liman aranipun / lumaksanèng wanawasa / dupi ngambah parumputan têngah margi / umèksi wontên sarpa //

[Grafik]

Gajah kaêrèh ing damêl.

wêlang alit mudha tunèng budi / ngeca-eca sajak tan nglagewa / ngandêlkên adigunane / ngaringkêl jroning rumput / gya sinapa dening sang èsthi / hèh sarpa sumingkira / ywa ngalangi laku / sun idak nyawamu ilang / ponang sarpa wuwusira ngêngis-engis / hèh liman ywa gumampang //

dumèh gung aluhur sira iki / ragèngwang ingusir salah karya / ngaringkêl ênggonku dhewe / kang nyimpang sira patut / lah apa tan kulak pawarti / ywan sarpa darbe wisa / panulaking satru / cacak sira ora murwat / wônda gagah birawa tur angajrihi / kasor dening manusa //

ingapus krama sira kêkinthil / dhapur kiwa ora wicaksana / apa gunane talale / kanggo dolanan mungguh / datan kadya ragèngong iki / uripku amardika / sapa wani mring sun / mara ge sira katogna / sabudimu ingong saguh angêmbari / lah age angidaka //

[Grafik]

Sawêr galak mawa wisa.

asru kurda liman ngidak wani / punang sarpa anyaut sukunya / liman rêbah angga cape / ngrubuhi sarpa lampus / dadya samyuh kadwi ngêmasi / watara catur dina / gantya kang winuwus / ana kidang alêledhang / colat-colot tan wêweka ngugung ati / ujub riya adigang //

ngandêlakên lumpatira kêsit / kagyat dupi myat ana rêrupan / ngandhukur ngalang margine / gya

--- 424 ---

pinarpêkan jêbul / gajah lena anggônda bacin / kidang wêwah suranya / ngunggar hawanipun / lêlumpatan tanpa mêndha / nèng luhuring angga liman wira-wiri / têmah kadung lumpatnya //

sukunira kajêblos maringis / nèng angganya dirada tan bisa / anguwalake sukune / ngrasa lamun kaduwung / solahira kang wus kawuri / pupus kanthi narima / tutug kadaripun / nahên ta ganti carita / kaki tani ngupaya wrêksèng wanadri / wus antuk sarêmbatan //

dyan rinêmbat lumaksanèng margi / tan darana umyat ana kidang / gya cinêkêl sinambêlèh / pinikulan angguguk / latah-latah kadya wong baring / gumuyu tanpa rowang / ngunandikanipun / daradasih impèn ingwang / duk ing ratri reyang ngimpi gubrah najis / iki wahananira //

timbuling kamurkan datan sisip / watara kaki tani wisata / antuk saonjotan nolèh / ngartika ika mau / ana gajah anggawa gadhing / didol larang rêganya / acangkelak wangsul / gadhing gajah kinakahan / tandangira sarosa ambubut gadhing / lêga rasaning dria //

lumaksana ngrêmbat lawan nyangking / gadhing sinambi atêtayungan / Ambrêtasena sajak ko /Seharusnya guru lagu: 8e, Ambrêtasena sajake. grêg mandhêg nulya mangu / ana maning kang dadi pikir / ah bodho raganingwang / isih ana kantun / gajah loro gadhingira / binalenan agahan gadhing kang siki / binêdhol tandya kêna //

wêwalêsing murka anêkani / duk ambubut gadhing kang kadwinya / asuka sirna yitnane / gadhing mrawasèng wadhuk / usus jêbol nyarêngi takdir / kaki tani pralaya / babarane rampung / catur lampah têmahira / karya pati angugung hawaning ati / Darmana mintaksama //

[Grafik]

Têlênging kitha Den Haag, dipun tingali saking gagana. Ing têngah-têngah wontên grejanipun agêng, St. Jakobskerk.

--- 425 ---

Konggrès Pasundhan ingkang Kaping Pitulas

Kala tanggal kaping 24 dumugi tanggal kaping 27 Marêt kapêngkêr, pakêmpalan Pasundhan kalampahan ngawontênakên konggrès, manggèn ing Gêdhong Nasional ing Gang Kênari, Batawi.

Mênggah lampah-lampahipun malêm Minggu tanggal 24-25 wanci jam satêngah wolu, kawontênakên pêpanggihan. Ing pêpanggihan ngriku kawontênakên panêmbrama ingkang dipun ucapakên dening para kênya, sinawung ing lêlagon nganyut-anyut. Kirang langkung jam sadasa bibaran.

[Grafik]

Gambar ing nginggil têngên, saking kiwa: Nyonyah E. Puradirêja, Nyonyah Ajijah Ahmad Atmaja, Nonah Aningsih Marahjani tuwin Nonah Rumsari. Ing ngandhap, salêbêting papan konggrès.

Ing tanggalipun 25 Marêt, ambikak konggrès umum, golongan Pasundhan Istri, inggih punika tumrap golongan wanita, dipun pangarsani dening Nyonyah Emah Puradirêja, nanging sarèhning nuju kapambêng, dipun wakili ing sanès.

Sêsorah ingkang dipun wêdharakên dening para wanita, têtunggulipun putri Rumsari, wêdharing sêsorahipun panjang, angèngingi dhatêng sadayanipun, ingkang wosipun pados margi kamajêngan.

[Grafik]

Para kênya ingkang sami manêmbrama.

Ing tanggal 26 parêpatan warga. Dene tanggalipun 27 parêpataning para kakung, ingkang mêdhar sabda Tuwan Tamrin, ngrêmbag ing bab Koloniaal financieele politiek. Tuwin sanès-sanèsipun.

--- 426 ---

Kawruh Sawatawis

Masjid Agêng ing Surakarta

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 26)

[Mêgatruh]

ngrêmbat kyai wontên salêbêting tandhu / kabênteran wontên margi / dèn agêng apuranipun / kang têrus ing lair batin / kapala bau turnya lon //

dhuh-dhuh Nyai Jamsari sayêktosipun / kula botên walang-ati / ngrêmbat kyai nitih tandhu / wit wau karsaning gusti / kang paring sandhang myang cadhong //

malah-malah kula matur sèwu nuwun / aksamanta kula pundhi / pêparinge langkung agung / nrambahi saanak rabi / pangèstunta kula cadhong //

murakabi dhatêng ing sadayanipun / saking gêng barkahe kyai / saksana kapala bau / anampèni kanang picis / kalihan umatur alon //

dhuh kiyai kula sakônca sadarum / kalilana nyuwun amit / sowan sri manganti lapur / tan sanès kula kiyai / nyuwun barkah karahayon //

Ki Jamsari alon pangandikanipun / inggih kula asung puji / muga-muga Hyang Maha Gung / karsa aparing basuki / tinêbihna ing pakewoh //

wêling kula sampeyan ampun kalimput / katur prayagung bupati / ing salajêngipun konjuk / pada dalêm sri bupati / bau gladag sigra bodhol //

ing samarga-marga lurah lawan bau / tansah ngraosi kiyai / sae panggalihanipun / tan ngeman mring donyanèki / satuhu wali kinaot //

kawarnaa lampahe kapala bau / wus malbèng jro sri manganti / marêk prayagung tumênggung / kang caos ing sri manganti / kapala bau urnyaturnya. lon //

purwa madya dumugi wusananipun / katur prayagung bupati / miwah angsal-angsalipun / katur tan wontên kang kari / mangkya sang wadana caos //

angandika dhatêng kapalane bau / he lurah bau nagari / kapriye ta rekanipun / gonira padha lumaris / ing Dêmak iku rak adoh //

dilakoni tan nganti sadina muput / lurah bau matur aris / dhuh-dhuh prayagung tumênggung / satuhu elok nglangkungi / karamate sampun dados //

bidhal saking Jamsarèn watawisipun / satêngah sadasa enjing / mangetan alampahipun / Baturana nêkuk margi / ngalèr têrus lajêng anjog //

parapatan ing Sangkrah lajêng anêkuk / amangilèn botên têbih / dumugi Gladhag anêkuk / ngidul ngalun-alun ngriki / mangira lan gapuranjog //

nanging ugi gapura ing masjid Agung / nagri Surakarta ngriki / jam sawêlas kirang langkung / lajêng lumêbêt jro masjid / sarêng mlêbêt jlêg katonton //

masjid Dêmak kathah tôndha yêktinipun / dene sujanma kang prapti / kônca Dêmak ambarubul / sami Jumngahan mring masjid / kyai mandhap alon-alon //

sabibaring Jumngahan ing masjid wau / watawis satêngah kalih / kiyai kagolong kantun / sarêng mêdal saking masjid / nitih tandhu alon-alon //

mijil saking gapura Dêmak masjid gung / lajêng jlêg salin pangèksi / inggih punika lun-alun / nagri Surakarta ngriki / lajêng lumampah lon-alon //

sang wadana ngaturi nyai tumênggung / tan dangu wadana èstri / sri manganti sampun rawuh / nganthi

--- 427 ---

nyi lurah kêkalih / sang bupati matur alon //

dhuh-dhuh nyai mênggung kula canthèl unjuk / ing pada dalêm sang aji / awit saking aturipun / Kiyai Bagus Jamsari / unjuk uning padèng katong //

bilih wau kautus kangjêng sinuhun / Jumngahan mring Dêmak masjid / ing samangke sampun wangsul / ing lampah sami basuki / saking nugrahaning katong //

lan ngunjukkên puniku sal-angsalipun / tanêman ing Dêmak masjid / Glagahwangi pace sukun / widara putih lan malih / parijatha kula borong //

tan antara lurah bau nulya matur / amiwiti amêkasi / wusana nyai tumênggung / munjuk maring sri bupati / lir mas timbul tanpa pêdhot //

Maskumambang

sri narendra wimbuh ascaryaning galih / alon angandika / he kaki Bagus Jamsari / sira trêsna maring ingwang //

caritakna akarya lam-laming ati / he jaba wadana / dhawuhna mring sri manganti / bocah sun wadana jaba //

andhawuhna marang kaki Ki Jamsari / ingkang salam ingwang / katampakna Ki Jamsari / sun bangêt suka tarima //

sarta kaki Jamsari ingsun paringi / dhuwit akèhira / limang atus rupyah putih / lan ingsun mundhut barokah //

lastaria ingsun jumênêng narpati / praja raharjaa / tumurun mring wuri-wuri / anêmua suka wirya //

bau gladhag uga sun tarima kasih / sang wadana kênya / sandika aturirèki / gya lèngsèr sing ngarsèng nata //

sampun prapta pasowanan sri manganti / rum manis wacana / dhuh kônca wadana kêmit / timbalan dalêm sang nata //

jêngandika mataha gandhèk kêkalih / dinutèng sang nata / dhumatêng Kyai Jamsari / mangkya timbalaning nata //

kang sapisan maringkên salaming aji / kaping kalihira / jêng sinuhun trima kasih / mring kyai rèhing dinuta //

Jumungahan dhumatêng ing Dêmak masjid / ngunjuki sal-angsal / pace sukun glagahwangi / puspitaning parijatha //

tuwin kapatipun kang widara putih / dhawuh katrinira / kyai pinaringan picis / gangsal atus rupyah pêthak //

ping sakawan dhawuh dalêm sri bupati / amundhut barokah / pangèstu sarta pamuji / sugêng dalêm sri narendra //

lastaria angrênggani tanah Jawi / ngantos trah-tumêrah / tuwin raharjaning nagri / widada karta raharja //

mirah sandhang tanapi mirah kang bukti / pramèswara putra / tinêbihna tindak sarik / pra santana myang kawula //

lastaria sumungkêm mring jêng sang aji / tan wontên sikara / saking barkahe kiyai / dera Jumngahan mring Dêmak //

sang bupati sandika aturirèki / sang wadana kênya / gya wangsul malbèng jro puri / gantya wau sang wadana //

animbali gandhèk kêkalih kang tampi / sami sanalika / gandhèk kalih wus mangarsi / sang wadana lon ngandika //

dhuh-dhuh kônca mantri anggandhèk kêkalih / mangkya pakênira / kautus jêng sri bupati / andhawuhkên kang timbalan //

ring Kiyai Bagus Jamsari ngulami / dhawuhing timbalan / ing gusti jêng sri bupati / kang sapisan paring salam //

kaping kalih maringkên tarimah kasih / dènira dinuta / Jumngahan mring Dêmak masjid / sarta ngunjukkên sal-angsal //

katigane kiyai dipun paringi / arta kathahira / gangsal atus rupyah putih / dhawuhing kaping sakawan //

jêng sinuhun mundhut barokah pamuji / sugêng widadaa / jumênêng ing tanah Jawi / dumugi têrah-tumêrah // Badhe kasambêtan.

Pr. P.

--- 428 ---

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

Bab pakêmpalanipun R.M. Notosuroto.

Ing sarèhne wontên kabar bilih R.M. Notosuroto, inggih punika satunggiling sarjana bangsa Jawi ingkang sampun kacêluk mênggah ing kalangkunganipun, samangke sampun bidhal saking nagari Walandi angajawi, amila ing dintên punika kula badhe ngobrol sakêdhik ing kawontênanipun pakêmpalan ingkang dipun pandhegani dening R.M. Notosuroto kasêbut nginggil, saha ingkang dipun wastani: N.I.V. Nanging punika namung nami obrolan, dados inggih botên kenging dipun ugêmi. Nanging sadèrèngipun kula anglairakên obrolan kula ing bab wau, dados ingriki prêlu nyariyosakên rumiyin mênggahing wontênipun pakêmpalan-pakêmpalan politiek ing tanah Indonesia ngriki.

Para maos têmtunipun sami nguningani bilih ing tanah Jawi ngriki samangke sampun kathah pakêmpalan-pakêmpalan politiek, ingkang beda-beda ancasipun. Wontên pakêmpalan ingkang anggadhahi ancas: noninggih punika botên purun nyambut damêl sêsarêngan kalihan nagari, nanging ugi wontên ingkang anggadhahi ancas: co(operation), têgêsipun: purun nyambut damêl sêsarêngan kalihan nagari. Kajawi ugi wontên pakêmpalan ingkang adhêdhasar agami, kabangsan lan sasaminipun. Ingriku cêtha bilih ancas tuwin dhêdhasaripun pakêmpalan-pakêmpalan wau sami beda-beda, ewasamantên kula pitados tuwin yakin, bilih sêdya tuwin gêgayuhanipun mêsthi sami lan utami sangêt. Tiyang ingkang pancèn suci manahipun lan luhur bêbudènipun, sanadyan ngrumaosi ing têmbe badhe angsal kapitunan, manawi gêgayuhanipun pakêmpalan-pakêmpalan wau tumuntên sagêd kacêpêng, nanging mêsthi angalêmbana dhatêng pambudidayaning pakêmpalan-pakêmpalan kasêbut nginggil. Inggih ngêmungakên tiyang ingkang drêngki, jail lan muthakil, ingkang purun nyeda lan nacad dhatangdhatêng. sêdyanipun têtiyang ingkang angajêngi dhatêng kamardikan tuwin kaluhuraning bangsanipun piyambak.

Samangke amangsuli ngrêmbag pakêmpalan N(ederlandsch) I(ndonesisch) V(erbond), ingkang dipun pangarsani dening R.M. Notosuroto wau. Tumrap pakêmpalan punika kula ugi pitados, bilih sêdya tuwin gêgayuhanipun inggih mêsthi sae sangêt. Emanipun dene ingriku kalêbêtan ancas, ingkang têmtunipun inggih sampun mathuk, nanging kula kuwatos, bilih kathah tiyang ingkang lajêng kalintu panampinipun, inggih punika ancas ingkang dipun wastani: Aristo-democratie. Mênggah têgêsipun têmbung punika, kados angèl sangêt manawi kajawèkna ingkang sagêd mathis saèstu. Dene ingkang ragi ngèmpêri sakêdhik mbokmanawi kemawon: naluri kina mawi nganggèkakên suwaraning kawula.

Mênggah wêjanganipun R.M. Notosuroto ing bab aristo-democratie, ingkang kapacak wontên ing kalawarti Udaya wulan Januari 1930 No. 80, cêkak aos kirang langkung makatên:

Ing papan-papan ingkang dipun kengingakên mranata lan marentah piyambak, wêwênang kêkalih wau dening ra'yat kapasrahakên dhatêng tiyang ingkang pêng-pêngan, pilihanipun ra'yat. Inggih tiyang ingkang pêng-pêngan wau ingkang lajêng tinanggênah angawontênakên tuwin anindakakên pranatan, tanggêl jawab manawi wontên pitakenan sarta ingkang botên badhe dipun kèndêli utawi dipun lèrèhi saugêr tumindaking kuwajibanipun anyêkapi.

Makatên mênggah wêjanganipun R.M. Notosuroto ing bab pikajênganipun ingkang dipun sêbut: aristo-democratie wau. Ingkang makatên punika pancèn inggih lêrês sangêt. Sampun têmtu bilih ingkang dipun wajibakên ngêmbat praja punika kêdah têtiyang ingkang pêng-pêngan. Dene ingkang dipun wastani pêng-pêngan punika botên ngêmungakên ing bab kawruh tuwin kasagêdanipun kemawon, nanging ugi ing bab: kasucianing panggalih, kaluhuraning bêbudèn lan sasaminipun. Makatên mênggah pamanggih kula tumraping têtiyang ingkang dipun sêbut pêng-pêngan punika. Bab asal utawi botênipun punika kula anggêp angka kalih. Awit tumraping jaman samangke punika botên kirang-kirang tiyang ingkang asal alit nanging kapintêranipun anyêkapi, budinipun luhur, manahipun suci, lan sasaminipun. Kosokwangsulipun: inggih botên kirang-kirang têtiyang ingkang asal luhur sayêktos, nanging bodho, nistha lan botên suci bêbudènipun. Amila mênggahing pamanggihipun R.M. Notosuroto, bilih ingkang nyêpêng pusaraning praja kêdah têtiyang ingkang pêng-pêngan punika cêkak aos sabên tiyang inggih mêsthi angrujuki.

Samangke kados prêlu ngandharakên rumiyin mênggah ingkang dipun wastani dening R.M. Notosuroto têtiyang ingkang pêng-pêngan. Miturut katêranganipun ingkang ugi kapacak wontên ing "Udaya" kasêbut nginggil kirang langkung makatên:

Mênggah ingkang kula kajêngakên pêng-pêngan", punika angèl sangêt anggèn kula badhe nêrangakên. Tumrappn ingkang kula kajêngakên, kados botên prêlu kula têrangakên kanthi wawasan ingkang jêmbar. Dene manawi badhe katêrangakên kalayan wawasan ingkang gampil-gampilan, pikajênganipun "pêng-pêngan" wau inggih punika bangsanipun têtiyang

--- 429 ---

ingkang anggadhahi kalangkungan kathah piyambak ing bab mranata praja. Kasagêdan bab amranata praja punika kawontênanipun botên beda kalihan kasagêdan ing bab nindakakên salah satunggiling padamêlan sanèsipun. Kalih-kalihipun ingkang maris utawi nglaluri ingkang kathah ingkang namung anak putunipun ingkang gadhah piyambak. Awit saking punika botên langka manawi ingkang anglaluri kaprajuritan punika inggih namung naluringnalurining. prajurit. Makatên ugi kasudagaran, ingkang anglaluri inggih namung anak putuning sudagar. Ingkang makatên punika ugi kenging dipun êcakakên dhatêng para narapraja, sasagêd-sagêd ingkang kêdah anak turuning narapraja. Tumrap tanah Indonesia ngriki inggih punika darahing para bupati, dados inggih darahing para nata. Ingkang makatên punika ra'yat piyambak sampun angrumaosi, amila ing kinanipun manawi wontên darah bupati jumênêng dados pangagêng, ing wusana lajêng tindak siya tuwin sawênang-wênang dhatêng bawahipun, punika têtiyangipun inggih ngêmungakên narimah kemawon. Awit pamanggihipun: Kasusahan sing ngênani aku kabèh iki dudu sawijining tandha yêkti, yèn darah kang nurunake priyayi kiyi ora duwe kaluwihan ing bab mranata praja. Saupama aku kabèh anduwènana wêwênang mangkono, iya kêpenging bangêt supaya priyayi iki dilèrèni saka pangkate, ewasamono timbangane sêmang-sêmang, sing wajib diangkata dadi panggêdhe iya kudu priyayi darahe kono."

Sadaya andharan kasêbut inginggil punika manawi anggènipun manggalih namung sakêclapan, têgêsipun botên dipun wigatosakên saèstu, kados kathah cocogipun, sabab tumrap putraning priyantun pangrèh praja, saupami dados pangrèh praja têmtu langkung mênang sabarang-barangipun tinimbang kalihan priyantun pangrèh praja putraning priyantun golongan sanèsipun, makatên kosokwangsulipun, putraning militèr têmtu langkung sae dados militèr tinimbang kalihan dados sudagar, jalaran putraning para priyantun pangrèh praja upaminipun, punika wiwit alit mila sampun tansah nyumêrêpi tindak tuwin lampah-lampahing pangrèh praja. Dados cêthanipun, upami ingkang dados pangrèh praja punika putranipun priyantun pangrèh praja, têmtu langkung utami lan langkung sampurna tinimbang kalihan putraning priyayi sanès golongan. Makatên sapiturutipun.

Nanging manawi kamanah ingkang langkung panjang, bab punika mêksa lajêng nuwuhakên sumêlang utawi tidha-tidhaning manah anggènipun badhe nêtêpakên, awit kula lajêng kèngêtan wasitaning para sêpuh makatên: Kuna dudu saiki, saiki dudu kuna. Gathukipun kalihan jaman ingkang sami dipun lampahi punika, lêrês kala samantên mila makatên kawontênanipun. Nanging tumrap jaman samangke sampun kathah ewahipun. Kala samantên ingkang sagêd nyakolahakên kapriyantunan namung para priyantun. Dados ingkang sanès anaking priyantun nama botên kaduman papan. Lah sarêng samangke kenging katêmbungakên: sintên ingkang gadhah arta (sagêd ngragadi anak) sami kemawon, têgêsipun ugi sagêd malêbêt dhatêng pamulangan punapa kemawon ingkang kinajêngakên, arta ingkang pamardi tuwin panggulawênthahipun sami kemawon. Dados bilih bab punika mawi dipun watêsi, mangke gèk lajêng nuwuhakên kirang narimahipun ingkang sami kataman, harak dados damêl saèstu. Dados damêl kajêng kula: sagêd ambatalakên karsanipun sang sarjana R.M. Notosuroto.

Cêkakipun sarèhning ing donya punika kêdah sontan-santun kawontênan, kados ingkang langkung prayogi inggih kêdah manut kajênging jaman murih botên anuwuhakên gêndra. Ingkang langkung wigatos tumrap jaman samangke kula sadaya kêdah manunggilakên raos kabangsan lan nyatunggalakên panggayuh, ingkang jogipun dhatêng kaluhuran tuwin kamardikan, kados pangajapanipun pun PÊNTHUL.

--- 430 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI.

Mitulungi tiyang angguran. Commissie K.P.B.P.I. ing Surabaya badhe niti priksa kawontênanipun golongan bêrah èstri tiyang siti ing kitha Surabaya sawêwêngkonipun. Pangajêng-ajênging commissie, mugi ing sanès-sanès panggenan wontêna ingkang kaparêng nindakakên makatên.

Tindak panitipriksa kados makatên punika, ing pangintên agêng sangêt pigunanipun, awit manawi botên wontên osik saking bêbadan kados makatên, langka wontêning èwêd pakèwêd ingkang sagêd katingal saking têtiyangipun.

Tentoonstlelling lurik ing Bêtawi. Benjing tanggal 14 dumugi 17 Mei nyarêngi congres P.I. ing Gedong Permupakatan Indonesia ing Bêtawi dipun wontênakên tentoonstlelling barang-barang tênunan tuwin barang-barang asli dêdamêlanipun tiyang siti ing satanah ngriki. Mênggah wosipun badhe ngajêngakên barang dêdamêlanipun tiyang siti ingkang mèh pêjah jalaran kadhêsêg pangêsoking barang damêlan pabbrik ngamanca.

Tentoonstlelling punika pancèn wigatos sangêt, wajib dipun sumêrêpi ngakathah, saha tumrap ingkang sami badhe migatosakên kêdah nyumêrêpi pundi ingkang dipun wastani barang sae, migunani tuwin sapanunggilanipun, sampun namung anut grubyug kemawon.

Kabêsmèn agêng-agêngan. Ing Bagan Asahan, Tanjung Balai wontên griya kabêsmi cacah 83 wuwung, kapitunan f 200.000. Griya samantên wau ingkang malêbêt assurantie namung 9, katanggêlakên f 16.500.

E, sawêg mangsa kados makatên têka wontên-wontên kemawon.

Sêsambatipun golongan Marine. Kawartosakên, para bestuuring pakêmpalan golongan Marine ngaturakên rêkès lumantar telegram dhatêng commandant wadya lautan, nyuwun supados balanjaning punggawa Marine sampun kasuda malih.

Inggih sintên tiyangipun ingkang botên sambat dening dipun suda pulukipun. Dene kaparêng lan botênipun, punika walahualam, nanging prêlu ngawontênakên sêsambat.

Tuwan Marco tilar donya. Wontên pawartos saking Digul, bilih Tuwan Marco tilar donya. Tuwan Marco punika tumrapipun wontên ing jaman ebah-ebahan ugi kagolong katingal.

Miturut katrangan, Tuwan Marco wau tilaripun jalaran nandhang sakit t.b.c. Dados mênggah caraning prajurit, Tuwan Marco punika prajurit ngantêpi tiwas wontên ing palagan.

Jampi anèm. Kawartosakên, Dr. Gruneck ing Sukabumi sagêd manggihakên usada sarana nyuntik, ingkang dayanipun sagêd ngênèmakên tiyang, dene rekadaya wau kacobèkakên dhatêng kewan ingkang sampun sêpuh, menda ingkang caraning tiyang sampun kaki-kaki, lajêng dados tumambirang. Pamanggih wau mêntas kagiyarakên sarana sêsorah.

Pamanggih kados makatên punika pancèn menginakên, ewadene ugi botên tilar kalamangsa, awit jaman ingkang nuju kados makatên punika, kados-kados tiyang botên patos prêlu badhe anèm malih, pigunanipun mindhak namung badhe nyêrokakên tangis.

Yasa pasarean enggal. Kawartosakên, tilas karaton Mataram ing dhusun Dalêm Kotagêdhe, tilas kêdhaton Kasenapatèn badhe dipun bangun dados pasareanipun para luhur Jawi, dipun sadhiyani wragad f 10.000.-.

Ada-ada punika manawi kasêmbadan ugi atêgês amrèbèli têdha dhatêng kawula alit, awit panggêsangan ing mangsa punika tumraping tiyang alit namung sagêd sarana sade bau.

[Grafik]

Tuwan Charlie Chaplin angajawi. Kapal K.P.M. Van Lansberge, kala tanggal 30 Maart kapêngkêr labuh ing Tanjungpriok ambêkta Tuwan Charlie Chaplin, badhut ingkang misuwur ing jagad. Mênggah sêdyanipun anggèning Tuwan Charlie Chaplin mriki punika dèrèng kasumêrêpan. Dumuginipun ing Tanjungpriok lajêng dipun damêl film dening Tuwan Henk Alsem. Sontênipun sampun dipun mainakên. Salajêngipun Tuwan Chaplin lajêng dhatêng Bali, ing têmbenipun wangsul dhatêng Bêtawi malih, dene salajêngipun dhatêng Singapura.

Tumrap tanah kilenan, ingatasipun badhut têka gadhah drajad samantên, cobi manawi tanah ngriki, tangèh sagêda manggih pangaji-aji.

Kabudidayan karèt badhe tutup. Kabudidayan karèt ing tanah wetan laladan Bondowoso badhe wontên ingkang tutup pitung panggenan. Nanging ugi wontên ingkang lajêng malik tanêman sanès.

Sintên ingkang ngintên manawi kabudidayan ing tanah ngriki lajêng sami tutup makatên. Manawi ngèngêti kawontênan ingkang kados makatên punika, pancèn inggih adamêl nggêgêsing manah sayêktos.

Budidayaning Vaderlandsche Club. Pangrèhing V.C. gadhah panyuwun dhatêng Sri Maha Raja Putri, kaparênga ngintunakên gambar dhatêng tanah ngriki, prêlu badhe kangge madosakên arta para angguran.

Manawi bab punika kasêmbadan tuwin manggih wohipun, pantês-pantêsipun para angguran Sutapratela inggih angsal ujuran.

Bab padagangan tèh. Kawartosakên, pakêmpalan kabudidayan tèh ing tanah ngriki kintun sêrat dhêtang nagari Walandi, mratelakakên ing bab kapitunanipun kabudidayan tèh, kintên-kintên badhe tumuntên kathah kabudidayan tèh ingkang katutup. Pakêmpalan gadhah panyuwun, lêbêting tèh dhatêng nagari Walandi supados botên kakengingakên beya. Kajawi punika nyuwun sudaning wragad pangintun.

Ingatasipun kabudidayan gadhah sêsambat kados makatên, dados botên langka manawi têtiyangipun alit ugi sêsambat ngaru-ara. Kados makatên dayaning jaman malèsèt.

--- 431 ---

Abên mlajêng. Ing Bêtawi mêntas kawontênakên abên mlajêng golongan militèr, têbihipun 10 km., dipun jênêngi ing para pangagêng. Jendral Hukswema de Groot ugi anjênêngi. Ingkang mênang (No. 1) Tuwan Kasêwur, danguning mlajêng kapetang 38 mênit 17 2/5 sekon.

Samantên ajênging ulah raga, ngantos dipun jênêngi ing jendral punapa.

Tanêman karèt dipun santuni tanêman kopi. Wontên pawartos, kabudidayan karèt wontên ing Wonokoyo, sukuning rêdi Sêmèru anêgori tanêmanipun karèt, dipun santuni tanêman kopi. Makatên ugi kabudidayan karèt ing Sumbêr Têlogo ugi badhe nindakakên makatên.

Ngèngêti tindak ingkang kados makatên punika, kados-kados kabudidayan langkung cêtha wawasanipun, ngintên manawi padagangan karèt badhe saya amblês. Nanging ugi dèrèng kenging kakintên makatên, awit sadaya wau sawêg nama rekadaya.

Dipun Biyantokakên dhatêng Mansyurie. Wontên dhawuh Tuwan A.D.A. de Kat Angelino amdtenaar babagan prakawis bangsa Tionghoa kabantokakên dhatêng Tiongkok lèr ambiyantu padamêlan Volkenbondcommissie ing bab prakawis ing Mansyurie.

Pakaryan punika têmtunipun pinanggih gawat, awit nuju mangsa kados makatên.

Hoofredacteur dipun cêpêng. Sawènèhing hoofredacteur kalawarti Tionghoa Yong-sia-Weekly ing Surabaya dipun cêpêng dening ingkang wajib, jalaran ngêwrat karangan ingkang anggêgirisi bangsa Jêpan. Kajawi punika pangrèh praja ugi sampun angèngêtakên dhatêng jurnalis bangsa Tionghoa kêkalih, sampun gadhah tindak makatên.

Samantên gawatipun damêl karangan wontên ing sêrat kabar.

Têtanèn ing Carenang. Miturut papriksan, tanêman pantun ing Carenang, Bantên, cacah 700 bau sadaya botên ngukup.

Rumiyin ing ngriku sampun dipun wartosakên kêkirangan têdha, ing sapunika wontên pawartos kados makatên. O, mugi samia angsal pitulungan kemawon.

Ing bab para onderopsir kalihan bab balanja. Pakêmpalan momoran golongan militèr ing Bandung, Cimahi tuwin Batujajar sami gadhah usul dhatêng hoofdbestuur, supados ngaturi uninga dhatêng Ministers jajahan, Tweede Kamer, Guprênur Jendral tuwin Raad Kawula, ing bab anggèning kawratan ing sasampuning balanjanipun kasuda 10%.

Punika pêpindhanipun wajibing anak nangis dhatêng bapa.

Mayor Tionghoa ing Ngayogya dhawah ing kamlaratan. Kawartosakên Mayor Yap Hong Sing ing Ngayogya, ingkang sampun tilar donya, atilar sambutan dhatêng Escomto f 415.000.- Jav. Bank f 140.000.- dhatêng tiyang ing Tempel f 40.000.-tuwin dhatêng kulawarga f. 100.000.-. Bab punika lajêng katêtêpakên dhawah ing kamlaratan dening Weeskamer, barang-barang têtilaranipun dipun lelangakên.

Dados, mênggahing tiyang sugih, dèrèng têmtu sêpên ing sambutan, tandha saksinipun inggih tuwan mayor wau.

Arta ing Aangeteekend ical. Kantor post ing Bêtawi martosakên, wontên sêrat aangeteekend isi arta ical. Arta ingkang ical wau 1 arta kêrtas f 40.- nomêr D.K. 00500 P; 1 lêmbêrlêmbar, dan di tempat lain. rêgi f 25.- nomêr P.F. 05356; 2 lêmbar rêgi f 10.- (nyadasa nomêr K.Z. 02485 lan H. S. 02242; 2 lêmbêr rêgi f 5.-(nggangsal rupiyah) nomêr A. G. 09998 lan K.B. 00948; 1 lêmbêr rêgi f 1.- nomêr 137053.

Para ingkang tampi arta krêtas, prayogi ingkang satiti manawi mrangguli arta kados makatên, lajêng lapura dhatêng pulisi.

Bupati Pasuruan. Mas Kartohadiprojo ugi nama Mas Bawadiman patih kabupatèn Sidoarjo, kawisudha jumênêng bupati ing Pasuruan kanthi angsal sêsêbutan Radèn tuwin Tumênggung, saha salajêngipun ngagêm sêsêbutan Radèn Tumênggung Kartohadiprojo ugi Radèn Tumênggung Bawadiman.

Wèh, lajêng sintên sapunika ingkang badhe gumantos patih. Inggih pundi ingkang mandi donganipun kemawon.

Bêndungan ambrol. Kawartosakên, bêndungan-bêndungan ing Citarum sacêlakipun Krawang tuwin Cikarang sami ambrol jalaran saking dêrêsing Jawah. Bêndungan Cikarang ambrol 80 m. toyanipun ngêlêbi sabin sawatawis bau.

Rahayu dene botên damêl kapitunan kathah. Dene bab karisakaning bêndungan, sagêd ugi malih dados lantaraning têtiyang angguran sagêd angsal padamêlan.

ASIA.

Wadya Tiongkok. Wadya Tiongkok ing Syanghai, Honan tuwin Heupeh cacah 20.000 sampun sadhiya. Kawontênan ing Tiongkok sampun kasantosakakên. Wadya kalih golongan saking Szechwan sampun bidhal dhatêng Hangkuw, têtindhihipun Chat Ting Kai. Senapatining paprangan Chai Ting Kai mratelakaên, bilih Jêpan botên ngundurakên wadya, badhe dipun têmpuh.

Pangancamipun Jêpan. Jendral Shirakawa mratelakakên, manawi Tiongkok botên anampèni usulipun Jêpan, lajêng badhe nyuwun palilah nêmpuhakên militèr.

EUROPA.

[Grafik]

Tuan Mac Donald gêrah tingal. Para maos têmtunipun botên kêkilapan dhatêng kawontênanipun Tuwan Mac Donald, premier ing praja Inggris. Panjênênganipun ing wêkdal punika nuju gêrah tingal. Ing nginggil punika gambar nalika panjênênganipun tuwan wau wangsul saking mêntas dipun bêlèk tingalipun.

--- 432 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

5.

Ngantos dangu Nonah Dhorah sawêg miwiti wicantên malih: Pak, apa mungguh pakewuhe salakirabi tumrap wong kulonan karo wong wetanan.

Wangsulaning tiyang sêpuhipun: Salakirabi momoran iku satêmêne pakewuhe akèh, kang tuwuhe ora liya saka watak dahwèn. Awit sabên uwong iku duwe watak, kang diarani watak gumêdhe ingatasing rasa kabangsan. Ing sabên uwong padha kadunungan rasa ngluputake mênyang bangsane dhewe kang salakirabi karo liyan bôngsa, sanadyan ta wong mau anggone jêjodhoan rukun. Nanging manawa wong kang dianggêp luput mau santosa atine, sawarnaning ucap ala mau bakal cabar kabèh. Ing bab iku kowe bisa nêksèni saka lêlakone mamahmu lan aku. Sanak sadulure padha ora lila anggone mamahmu jêjodhoan karo aku, mangkono uga tumrape bangsaku, iya ora ana bedane. Nanging aku lan mamahmu, padha kêncêng ing ati, ora mraduli mênyang gunême wong akèh mau. Dadi panyeda lan pangala-alane ora ngongkrèh-ongkrahngongkrèh-ongkrèh. katêntrêmaning atiku. Nanging arang wong kang bisa nglakoni kaya mangkono, gèr.

Ing bab kalakone bapak lan mamah, kuwi beda, awit bapak wong kulonan, mamah wong wetanan, dene kang tak karêpake kosokbaline, kapriye mungguh tinêmune wong jêjodhoan kang lanang wong wetanan, wadone wong kulonan.

Bab iku gênah ana bedane: Dhorah, malah bedane bangêt. Dene sababe ora liya mung jalaran saka kêtuwuhan rasa ngunggul-unggulake kabangsan. Wong kulonan anggone têka mrene asangu kawruh lan sangu pangrasa yèn binandara ing wong tanah kene. Ing nalikane têka mrene ora anggawa nyonyah kang tunggal bôngsa, mula ora ngrumasani asor yèn anjukuk nyai wong ing kene. Ing samôngsa nyai mau wis anak-anak, tumrap pamawase wong kulonan, angarani yèn wong mau duwe labêt bêcik, saka ing bab anggone andandani utawa ambêcikake turune wong ing kene. Nanging beda bangêt tumrap wawasane wong kulonan ingatase wong wadon kulonan kèngkang. laki karo wong kene, saya manèh yèn nganti anak-anak. Yèn ana lêlakon mangkono, wong wadon mau banjur diarani ngasorake darajating bangsane, lan diarani wong kang anjarag ngêmohi mênyang bangsane dhewe. Ing undhang-undhang mratelakake, wong kang mangkono mau diwêtokake saka anggone duwe hak bôngsa Eropah. Môngka yèn kopikir, tinêmune beda bangêt karo kaanane wong bumi kang anjaluk dipadhakake karo bôngsa Eropah, kuwi yèn wis kalakon dipadhakake, ora bakal bisa bali dadi wong bumi manèh, awit ora ana undhang-undhang kang mratelakake owahing hake bôngsa Eropah. Nanging yèn wong wadon bôngsa Eropah, kang laki karo wong bumi, ing sajrone winêngku ing guru lakine, ilang hake dadi wong Eropah. Saya asor manèh tumrap pasrawungane karo bangsane dhewe. Kaya ta saupama nyonyah mau nganti duwe anak, iku dianggêp nyuda drajating bôngsa Eropah. Kapriye Dhorah, bedaning cara salakirabi kaya mangkono mau apa ora andadèkake karasaning atimu.

O, atiku krasa bangêt: pak. Nanging saupama aku, nanging upama bage lo pak, pinasthi jodho karo wong bumi, aku iya arêp anglakoni kaya tindake bapak lan mamah. Aku ora mraduli mênyang panimbang utawa pangrasaning liyan, mung arêp mungkul angrasakake urip sênêng lan rukun karo bojo. Lan saupama aku nganti kalakon jêjodhoan karo wong bumi têmênan, tumrap panêmune bapak kapriye, apa kira-kira bapak nayogyani.

Tuwan Be mirêng ucap makatên punika sakalangkung kagèt, lajêng nyèlèhakên sêrat kabar ingkang dipun waos wau wontên ing pupu, kalihan mandêng anakipun kados anêniti, wusana lajêng wicantên: Pitakonmu iku mung upama, apa pancèn mêngku karêp.

Nonah Dhorah sarêng sumêrêp solahing bapakipun makatên wau, sanalika inggih anggragap, lajêng mangsuli sêmu gugup: Aku mung takon bae, pak. Apa kirane bapak anglilani, saupama aku mrangguli lêlakon kang kaya mangkono.

Tuwan Be ngantos dhêlêg-dhêlêg sapandurat, kados mêmikir anggèning badhe mangsuli, lajêng anggledhag wontên ing kursi malês, ngisèni sata ing pipanipun, saha sasampunipun dipun sumêt tuwin dipun akêp sawatawis akêpan, lajêng wicantên: O, kowe iku isih bocah: Dhorah, durung wayahe ngrungu gunêm kang kaya mangkono. Gunêmku rungokna kang cêtha, cathêtên ana ing atimu, awit pitutur kang arêp tak kandhakake iki kabèh mung atêgês bêcik tumrape kowe. Dhorah, kowe sumurupa, aku iki turune bôngsa luhur ing tanah Prancis, sanadyan kulawargaku mau padha wong gêdhe, nanging aku tinitah mlarat. Sabanjure aku numpal kèli têkan tanah kene, kang jalarane saka pasulayan rêmbug karo kulawarga, dene bab wêwatêkanku beda bangêt karo para kulawarga. (Badhe kasambêtan)

--- 49 ---

Nomêr 13, Taun III.

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu.

Sulapan

(Maca sarana ladhêping driji)

Ing Kajawèn ôngka 89 taun 1931 bagean Taman Bocah nomêr 57 mas Sutiyana ing Sragèn wis nêrangake sulapan, maca sarana landhêping driji. Sing wis ditêrangake mau bênêr, nanging rada ana bedane sathithik karo sing wis dak sumurupi. Sarèhning prêlu disumurupi kônca-kônca akèh mula dak têrangake supaya muwuhi sêsurupan sathithik. Dene sulapan sing dak sumurupi mau mangkene.

Tukang sulap mau mènèhi dluwang sacuwil lan potêlot, kira-kira wong limalas, padha dikon nulisi sakarêpe, sarta yèn wis, supaya digulung. Sawise mangkono banjur dijaluki kabèh, nuli didokokake ing blèg uawa ing topi dikopyok. Nanging sadurunge tulisan mau dijaluki, tukang sulap mêsthi ethok-ethok mlaku-mlaku ngiras nonton (nglirik) wong-wong sing padha nulis mau. Utawa nalikane nata tulisan mau ana sangarêping krobongan, nonton salah sijining tulisan, nanging iya kudu prigêl, olèhe nonton kudu sarana rikatan, lan ngiras pantês ethok-ethok nata gulungan mau dadi ora kêtara.

Upamane tulisan sing disumurupi mau unine mangkene: slamêt main. Tukang sulap banjur anjupuk gulungan tulisan sing dikopyok mau sising. dicêmplungake ana kanthong dluwang sarta ditalèni ji,siji. ing pucuk, nanging unine tulisan mau durung mêsthi yèn muni: slamêt main têmênan, amarga panjupuke mung sacandhake. Tukang sulap mau banjur nulis nganggo kapur ana sabak muni: slamêt main. Sawise mangkono sisihe sabak sing ora ana tulisane mau dituduhake wong-wong sing padha nonton saka kadohan. Sabak banjur dipasang ana sadhuwure meja diketokake sing ora ana tulisane, patrape ngadêg sarana diganjêl utawa disèndhèkake barang sing kêna kanggo ngêdêgake sabak mau.

Kanthongan daluwang sing ditalèni mau digujêngi wong siji kancane tukang sulap, dipênêrake sadhuwure sabak. Tukang sulap banjur anjupuk pistulan, dluwang sing digujêngi mau banjur dipistul, dhor, nalikane pistul muni dhor, wis mêsthi sing padha nonton kagèt, utawa mêrêm sadhela, sarta

--- 50 ---

panggonan sabak mau katon pêdhut, jalaran saka kêluking pistul mau. Tukang sulap trampil banjur ngingêr tulisan mau diketokake. (Sabake diwalik) dadi sawise kêluk ilang ing sabak ketok tulisane: slamêt main.

Wis mêsthi sing padha nonton gumun bangêt, dikira tulisan sing ana jêro kanthongan dêluwang sing dipistul mau bisa ngalih mrono, saya tumraping wong sing nulis muni: slamêt main mau mêsthi ngandêl bangêt.

Sucitra - Banyudana.

Bocah kang Sênêng Gêthingan

(Aja nyêrikake atining liyan)

Sambungane Kajawèn nomêr 23

Tarmidi: Pancèn inggih, namanipun Kaija, piyambakipun tansah angêndêl-êndêlakên kasugihaning bapakipun. Dene mêngsahipun anakipun Pak Mêrta, nama Karmun punika. Tarmidi nuli kôndha wiwit budhal nganti têkan ing ngomah. Ora muwuhi lan ora ngurangi.

Bapake wêruh bêciking bêbudène anake bangêt ing bungahe, nanging ora dikatonake, mundhak marahi nganyih-anyih bae. Calathune: wis ta nuli mangana, kowe rak ngêlih.

Tarmidi: Inggih.

Bocah-bocah iya padha ngandhakake lêlakone apa manèh bêcike Tarmidi, nanging ora prêlu dirêmbug, mundhak ngêbêg-êbêgi panggonan. Mung Si Kaija kang rada lucu. Wus dadi watake Kaija iku sanajan wis tau sêkolah, nanging karo wong tuwane ora gêlêm basa, cêlathune: Pak, aku sêkolahna manèh.

Wangsulane bapake sêmu gumun: Êlo, ambanyol apa piye kowe iku.

Kaija: Tênan, pak, aku lêbokna manèh.

Bapake: Ora, sing ngakon sapa, sabêne kok anjaluk mêtu.

Kaija: Sing ngakon ora ana, mung karêpku dhewe. Awit aku lagi ngrêti manawa wong bodho iku kalah karo wong pintêr. Kaija nuli kôndha nalika kêrêngan.

Bapake: Iya, iya, tak lêbokake manèh, nanging saiki rak isih libur, ta, besuk bae yèn wis lumêbu.

Saiki sêkolahan wiwit lumêbu. Dene Kaija iya ditômpa, amor kancane lawas yaiku ing klas III, sanadyan saiki ora bisa nyandhak wulangane, nanging Kaija saguh sinau sing mêmpêng supaya bisa nututi. Ora nganti rong sasi Kaija wis bisa ambarêngi kancane.

Pinuju Minggu Tarmidi calathu: Anu, kônca wiwit biyèn kae tumêka saiki dhuwite dhêndhan wis olèh akèh. Muni mangkono iku karo nuduhake bumbung celengan.

Kaija: Wis ana pira saiki, Tar.

Bakal disambung.

Sunarka.

--- 51 ---

Wêkêl ing Gawe

Bocah-bocah, mêsthine kowe wis padha ngrêti, apa sing diarani wêkêl ing gawe. Yèn kowe durung dhamang tak kandhani. Wêkêl ing gawe kuwi têgêse doyan mênyang pagawean. Mungguhing bocah sing diarani pagawean kuwi, ora kok banjur dikon nyambut gawe abot, bocah dikon angkat junjung luwih saka ngêkat, mêsthine ya mung kon nyambut gawe mayar-mayaran, kaya ta anyaponi jogan, nêbahi paturone dhewe, lan liya-liyane samubarang rêrêsik sing ora rêkasa, lan manèh yèn pagawean mau ora ditindakake agawe sêpêting mripat. Dadi yèn kowe nindakake pagawean kaya mangkono mau, jênêng ngrewangi wong tuwa. Saya manèh yèn kowe ngèlingi jamane saiki, bocah iku wajib mêruhi mênyang pagawean. Yèn ana bocah ora bisa nindakake mangkono, banjur ketok kaku. Nanging iki ora ngrasani putraning priyayi sing padha sarwa kacukupan lo.

[Grafik]

Ing saiki ana dongèng manèh, dongènge kucing wêkêl, jênênge bok lara Trinil, anane jênêng mangkono, awit yèn malaku inil-inil. Bok lara Trinil mau kucinging warondha ora duwe anak. Jalaran saka anggone ora duwe anak mau, gêmati bangêt mênyang kucinge, nganti kaya mênyang anak, sabên dina diajak gunêman, kaya gunêman karo bocah. Tindak mangkono mau suwe-suwe andadèkake mangrêtining kucing. Malah banjur diajari olah-olah, disandhangi kaya bocah, digawèkake klambi suwekan tapih kawung. Kucinge iya bungah. Wong ya dongèng.

Suwe-suwe bok lara Trinil mau dadi pintêr olah-olah, yèn cara swadhèsi: lêmpêr, mêndut timus, wah bisa nglêmpitake ilat. Yèn olah-olah bangsane mrêtega-mrêteganan, nganti agawe mogèling ilat.

Sarèhning kuwi jênêng pagawean wadon, mungguhing bocah wadon apa ora prêlu sinau.

--- 52 ---

Trêsna Bapa

II. Olèh kônca

[Mijil]

wong sing mêntas anampani dhuwit / suwe dhêlog-dhêlog / batin gumun nyang kamurahane / kocap wêlas barêng esuk nuli / budhal saka masjid / lan anggagas mulur //

panggagase bapak ambrêkahi / sanadyan wis adoh / mêksa isih ana tulungane / tinggalane slawat makolèhi / kêna go nulungi / wong nêmu têngadur //

barêng sore wis mèh wayah mahgrip / wêlas kagèt wêroh / ana uwong lanang kang agêdhe / dêdêg dhuwur kôndha bisik-bisik / bok ya aku iki / kanthinên ing laku //

III. Lênga Sangkalputung

[Kinanthi]

wêlas nalikane krungu / ya rada nratab sathithik / nanging barêng wêruh cêtha / wong mau ulate bêcik / banjur amangsuli cêtha / sapa kakang kowe kuwi //

wong mau alon sumaur / satêmêne aku iki / kêleyang kabur kanginan / yèn ana sudi ngarani / jênêngku Jaka Kawasa / aku arêp golèk kanthi //

kêbênêran aku wêruh / kowe ana kene iki / aku bangêt ngrasa bungah / ayo barêngan saiki / Wêlas iya bangêt bungah / dene mêngko olèh kanthi //

wong loro banjur malaku / caturan pating kalêsik / sawise satugêl dina / cah loro lèrèn alinggih / anèng ngisor kayu gurda / kang bangêt arasa silir //

Jaka Kawasa calathu / Wêlas kowe tak tuturi / aja sok watak gumunan / yèn pancène ora ngrêti / awit lêlakon sing lôngka / mung dadi dongèng cah cilik //

mêngko kowe bakal wêruh / lakon kang nganèh-anèhi / durung tutug gone kôndha / ketok ana nini-nini / anggendhong bangêt rêkasa / kang digendhong kayu garing //

wusana lakune ambruk / putung sikile sasisih / Jaka Kawasa akôndha / nini apa kowe kuwi / gêlêm yèn tak tulungana / nanging tanggung mêsthi mari //

ning aku duwe panjaluk / tak pèke têkênmu kuwi / ni tuwa tansah sêsambat / karo paringas-paringis / ngulungke têkên kôndha /Kurang satu suku kata: ngulungke têkên akôndha. ênya anggêr aku mari //

Jaka Kawasa angguyu / tangan ngrogoh ngêmèk-mèki / cupu kang ana kandhutan / wise diiling-ilingi / tutupe banjur dibukak / karo acalathu lirih //

iki lênga Sangkalputung / kêna dianggo nambani / balung putung otot owah / kêsliyo bayu ambalik / uwong tuwa dadi bocah / uwong bodho dadi ngrêti //

Wêlas nyaru lan angguyu / dene banjur andharidhil / kaya uwong adol tômba / Jaka banjur anandangi / sikile nini diusap / sanalika uwis mari //

banjur anjranthal malayu / kakuwatane wis pulih / Wêlas nganti suwe nyawang / Jaka Kawasa ngêsêti / wis ayo nuli budhalan / kowe aja anggumuni //

wong loro barêng malaku / barêng uwis wayah bêngi / nginêp ana ing padesan / dhèk samana ambarêngi / pinuju ana kaulan / wong ananggap wayang klithik //

Arêp disambung.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 29, 2 Bêsar Je 1862, 9 April 1932, Taun VII.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [449] ---

Ôngka 29, 2 Bêsar Je 1862, 9 April 1932, Taun VII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Tatwawara

Pêthikan saking Sêrat Rama

Dhêdhasaring tekad utamaning dumadi

[Durma]

yèn tan ana mamrih bêciking wêkasan / tiwas têmên ing urip / patining urakan / apan sagunging titah / lumrah angarah kang bêcik / yèn kudu ala / tan pantês anèng bumi //

nora pantês milu mulat surya côndra / apan jatining yêkti / apa kaluwihan / liya pangulah puja / sêmadi tan ana malih / jroning paprangan / luwih saking sêmadi //

kang minôngka dupa asmara dilaga / têmpuhing satru sêkti / upama pawaka / sura nirakên dilah / urube maring sêmadi / prawiranira / gêntha kêlèng upami //

wijah jiwanira sêsajèn upama / têmênira ngaurip / anglakoni karya / tuduhing maharaja / yêkti anêmu kang pinrih / ing kuna-kuna / ana tuladan luwih //

yèn tinggala tuladan papa druhaka / dadining puja yêkti / umangsah ing mêngsah / amunah satru sura / tanpa sesa ing ajurit / mèngêti aprang / Bathara Otipati //

tuhu Sang Hyang Jagad Pratingkah kang molah / asor ungguling jurit / mila ta ajriha / pati pêpati jagad / pahoman puja tan dadi / ilang ciptanya / ambêk papa sabumi //

--- 450 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Tatakrama

V.

Garèng : Ora, Truk, nèk mungguhing bab tatakrama lair, yak, iya ora prêlu andongèng, ora prêlu angobrol, aku iya wis ngrêti cara-carane. Mung bae siji-sijine bôngsa mêsthi iya beda-beda anggone nandukake. Kaya ta: bôngsa Tionghwa, tangane loro ngêpêl karo-karone, digathukake dadi siji, banjur dianthuk-anthukake ana ing sangarêping dhadha, ya kuwi sing diarani: sojah kuwi. Nèk bôngsa Walônda, topine dibukak, awake didhêngklukake, sarta tangane banjur diathungake minôngka kanggo tabikan. Dene nèk bôngsa Jawa, hla, kiyi pancèn iya rada rèwèl diningrat têmênan. Awit tansah tungkul beda-beda carane, kaya ta: nèk kêpêthukan ana ing dalan karo kônca sêpêpadhane sing durung pati kênthêl bangêt, lo, tatakramane lair iya kudu mangkene: cangkême diblèwèhake kambi muni: badhe tindak pundi, he, he, hèh. Sing ditakoni wangsulane iya kudu nganggo sarana ambalèwèhake cangkême: badhe dhatêng Pacinan, iye, he, he, hèh.

[Grafik]

Petruk : Wiyah, kok nganti kaya jaran mêngkono. Ngrungu calathumu sing mêngkono mau, aku kok banjur kèmutan pangandikane sawijining sarjana ing bab tatakramane wong Jawa mara tamu. Jarene têkane kudu disumèh-sumèhake lan diglègès-glègèsake, minôngka bukti bungahing atine anggone kêtêmu mau. Dene nèk pamitan, kudu dibêsêngut-bêsêngutake lan diprêngut-prêngutake, karêpe arêp ngatonake susahe anggone arêp pisah manèh. Kang

--- 451 ---

kaya mangkono mau, ambokmanawa iya bênêr, nanging kabèh mau ora kêna dilêbokake nyang tatakrama lai.lair. Sabênêre mono kuwi tumanduke tatakrama. Mungguh sing diarani tatakrama lair, yaiku tatakrama tumrap: bale omah, panganggo, solah-bawa utawa solah tingkah, têtêmbungan, polatan utawa pasêmon, patrap nêmoni tamu utawa mêdhayoh dhewe.

Garèng : Wèthèthithèh, la kok andalidir mêngkono. Wong carita kuwi bok saka siji, aja dicampur adhuk dadi siji mêngkono, hla nèk sêga jangan, sambêl gorèng, brongkos, gudhêg lan opor pitik, dicampur dadi siji iya mak: klênyêm rasane. Balik omongan dicampur, anggone arêp andhamangake iya rada sêrêt. Mulane, Truk, andharna saka siji, bèn pikiranaku rada trawangan.

Petruk : Yak, kok banjur kèlingan nyang Paris gêlas, sing trawangan ngatonake giliging lêngên, sing kuning mliding. Iya, iya, Kang Garèng, jajal tak cobane nêrangake nyang kowe mungguh sing diarani tatakrama tumrap: bale omah. Kang kapisan, pamulasarane omah kudu sing rêsik lan gêmrining. Têgêse: jogan upamane, kudu sing rêsik nganti diibaratake kêna kanggo ajang sarapan sêga wadhang karo blênyik, nèk duwe kursi dipulasaraa sing nganti bisa mêling-mêling kaya gêlas, pagêr, tembok utawa payone omah kudu tansah dikisik, aja nganti tungkul kanggo tayuban para kêmôngga, papan pêturon, kudu sing gêmrining, urunging bantal utawa sêprèning kasur, aja mung narima yèn wis dikumbah karo banyu lèdhêng saka... cangkêm utawa wêtêng.

Garèng : Wèyèh, wong kene le ngrungokake nganti mêncêrêng mêngkene, omongane kok anggluwèh mêngkono. Ambok têrus têrang omong bae: ilêr lan ompol aja diêtogna, nanging kudu dikumbah. Ora, Truk, omonganamu kuwi pancèn iya bênêr bangêt, nanging mungguhe wong sing kacukupan, nanging nèk mungguhe wong sing ora duwe, apa manèh rêrêsik omah kobêra, lagine ambuwang dêduwèkane sing najis bae, kapêksa diiras jarene. Nganti saênggon-ênggon cara Landane mambu: odho klonyo cap: pêtêi, utawa cap: jengkol.

Petruk : Bab rêsikan, kuwi ora mung dumunung ana ing wong sing kacukupan bae, sanadyan malarata ibarate nganti jarit siji dianggo wong loro, sing siji andhuwêl ana ing sênthong, sijine manèh nêmoni tamu upamane, nanging nèk pancèn gêlêm rêsikan, iya bisa bae. Bab têmbung ora kobêr, kuwi sajake têka kanggo kêmbang lambene jaman saiki, gênah yèn sabên awan sok ngêluk lambung wiwit jam 2 têkan jam 5, nèk sore klintong-klintong nang alun-alun utawa nang Pêcinan, malah sêminggu ora kurang kaping têlu anggone ribut mêjêrah mripate diajak nyambut gawe... nonton boskup, lo, kuwi nèk banjur ana wong takon: mas, kok botên kêtingal-kêtingal, lumrahe wangsulane iya banjur cara gadho-gadho mangkene: wah, tiyang inggih botên gadhah

--- 452 ---

tempo babarpisan. Ora, Kang Garèng, sanyatane mono wong kuwi iya prasasat ora ana kobêre babarpisan, yèn pancèn ora diprêlokake. Mungguhe rêsikan tumrap panyêkêle bale omah sanadyana ora bisa kobêr babarpisan, mêksa kudu diprêlokake lan ditêmên-têmênake. Awit omah-omah kuwi yèn rêsik gêmrining, kajaba nang mripat kapenak sêsawangane, iya bisa ngêdohake nyang sakèhing lêlara. Kajaba kuwi sing diarani tatakrama tumraping bale omah, kuwi patrape nyang bojo lan anake, nyang tôngga têparone, nyang...

Garèng : Wah, nèk bab kiyi aku kêna kanggo tuladan têmênan, kaya ta tumrape bojo, kuwi aku tansah ngèlingi yèn wong wadon iku padha dene umating Pangeran, mulane wong lanang iya ora kêna sawênang-sawênang, ora kêna sawiyah-sawiyah, kosokbaline wong lanang kudu nganggêp nyang sing wadon kayadene karo sajajare, mulane wong wadon banjur dak êjor sasênênge, arêp bêgandêring sadina muput, iya bèn, arêp nôngga têrus-têrusan, iya: môngga, arêp adu kucing karo kasut, iya: biar, cêkake...

Petruk : Yah, wong uripe ana ngisoring pinjung, ethok-ethoke banjur ngêjor nyang sing wadon, padune kuwatir yèn ora kanggo bae, kathik banjur rupa-rupa sing diomong. Wis, wis, rêmbugane padha dilèrèni samene bae dhisik.

[Grafik]

Têtiyang nuju tumindak ing damêl angrêmbang rosan ing pasabinan.

--- 453 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Kawontênan ing Bopên Dhigul

Redhaksi Kajawèn nampèni panjurung saking sadhèrèk Aris Munandar, asli wangsulan saking Dhigul, nyariyosakên kawontênanipun papan pambucalan ing Dhigul. Mênggah cêcariyosanipun kados ing ngandhap punika:

[Grafik]

Papan padununganipun têtiyang bucalan ing Dhigul

a. Barak

Nalika angkatan sapisan barak ing Dhigul punika namung wontên 3 griya, ingkang sagriyanipun cêkap dipun ênggèni ing tiyang kirang langkung 20. Barak punika têrus dipun wêwahi, ngantos dados 14 griya. Kangge panggenaning têtiyang bucalan sawatawis wêkdal sadèrèngipun sami andamêl griya piyambak. Griya sakit ugi wontên ing barak. Barak punika icalipun salêbêtipun taun 1929.

b. Griya sakit

Ing suwau griyanipun sakit wontên ing barak ugi. Salêbêtipun taun 1928 pindhah sawetanipun barak botên têbih, kintên-kintên namung kalih atusan [atu...]

--- 454 ---

[...san] mètêr. Sasampunipun barak dipun risak, ing ngriku dipun dêgi griya sakit sae, jrambahipun dipun plêstèr, pagêripun bêton saha payonipun sèng, ananging griya sakit ingkang suwau, jrambahipun têksih siti, pagêripun dobos saha payonipun ugi sèng. Ingkang kagungan ada-ada adamêl griya sakit sae punika panjênênganipun Tuwan Asistèn Residhèn Blok, ingkang dipun sarujuki panjênênganipun Dhoktêr Phut.

Dhoktêr ing Bopên Dhigul punika dhoktêr militèr. Ing suwau dhoktêripun namung pinaringan satunggal, ananging sarêng parentah anggalih prêlu, lajêng pinaringan dhoktêr kalih. Ingkang satunggal, mligi mriksa wontênipun sêsakit malariah, saha ngudi murih icaling sêsakit punika. Dene satunggalipun mriksa sêsakit sanèsipun.

Sarêng parentah maringi dhoktêr kalih, pancèn inggih majêng saèstu, tandhanipun lajêng kirang sangêt sêsakit malariah yèn katimbang ingkang sampun.

[Grafik]

Para pulisi anjagi katêntrêman ing Dhigul.

Panggêsangan

Têtiyang bucalan ing sakawit dipun paringi ondêr sêtan. Salêbêtipun pinaringan têdha saking parentah, sadaya têtiyang bucalan dipun mardikakakên ambabad wana kangge pakawisan saha damêl griya. Payoning griya pinaringan saking parentah awujud sèng. Gêdhègipun pados piyambak dhatêng wana, wontên ingkang ngangge kajêng alit-alit, nibung (bangsanipun jambe) saha klika kajêng. Kajawi ondêr sêtan ugi tampi prèmi kasrêgêpan f 9.- sawulan. Sagêdipun tampi prèmi kasrêgêpan mawi tôndha yêkti, ing salêbêtipun sawulan dipun kengingakên nyambut damêl umum kawan dintên, sadintênipun tigang jam. Nyambut damêl umum punika angrêsiki margi-margi salêbêtipun kampung, saha margi ingkang anggandhèngakên kampung satunggal lan satunggalipun, salêbêtipun dipun parentah panjênênganipun Tuwan Monso, apangkat kontrolir, têtiyang bucalan taksih sami tampi ondêr sêtan saha prèmi kawêkêlan. Ananging sarêng badhe santun ingkang ngasta paprentahan, kirang tigang wulan andhawuhakên sarana ngawontênakên parêpatan dhatêng para tiyang bucalan, bilih ondêr sêtan saha prèmi badhe kasuwak, dipun santuni nyambut damêl ambabad wana kadamêl ladhang (patêgilan) angsal epahan ing dalêm sahektare f 100,-. Dèrèng ngantos tumindak ingkang dados pangagêng sampun santun panjênênganipun Tuwan Blok, apangkat asistèn residhèn.

Sarêng paprentahan kakaastakaasta. panjênênganipun Tuwan Blok, caranipun makatên: sawatawis wulan taksih ajêg kados ingkang sampun, malah wontên padamêlan kuli dintênan. Sadaya têtiyang bucalan kenging mlêbêt dados kuli dintênan, sadintên nyambut damêl 8 jam, tampi bêrahan f 2.-, lan dipun [di...]

--- 455 ---

[...pun] kengingakên nyade kajêng dhatêng parentah, miturut ukuran pamundhutipun, prêlu kangge andamêl griya sakit saha griyanipun para juru ngupakara tiyang sakit. Kawontênan ingkang kados makatên punika tumindak kirang langkung 6 wulan. Sanadyan kawontênanipun kados makatên, ewasamantên botên patosa kathah ingkang sami purun nyambut damêl, malah manawi wontên ingkang purun nyambut damêl satunggal kalih, dipun poyoki. Ingkang moyoki punika sajatosipun têtiyang ingkang manahipun cupêt. Wontênipun tiyang ingkang sami moyoki punika namung anut-anut kemawon (kenging gosokan), sarêng parentah priksa ingkang dados pangajêngipun, pangajêng punika lajêng dipun singkirakên saking Tanah Merah (Dhigul) dhatêng Budhangarêng, ingkang samangke kaêlih dhatêng Tanah Tinggi.

[Grafik]

Warung kopêrasi ing Dhigul.

Sasampunipun pangajêng punika dipun singkirakên, lajêng kathah têtiyang ingkang sami nyambut damêl, sapragangsal saking wontênipun têtiyang bucalan. Miturut gampiling pados asil kados ing nginggil punika, sok tiyanga ingkang gêmi tamtu sagêd cêkap. Anyarêngi kawontênan punika panjênênganipun Tuwan Blok, andhawuhakên dhatêng para têtiyang bucalan wontên ing salêbêting parêpatan bilih ondêr sêtan badhe dipun suda saprapat ing sabên tigang wulan, ngantos têlas. Ondêr sêtan punika dipun santuni kadosdene prèmi, ing dalêm saprapat dipun lintoni prèmi f 3.50.

Têtiyang ingkang purun nindakakên tatanan punika dipun dhawuhi ambabad wana pinggir lèpèn badhe kangge nyobi sêsabin. Nanging kawontênan panggêsangan kados ing nginggil punika têtiyang sami kêsèd nindakakên ambabad, mila panjênênganipun Tuwan Blok lajêng ngawontênakên ada-ada enggal, sok sintêna tiyang ingkang purun nyambut damêl kalihan parentah angsal bayaran f 1.- sadintên. Wiwit ing wêkdal punika lajêng kathah wande-wande saha toko-toko. Ing suwau têtiyang manawi blônja dhatêng intêndhan (toko militèr) ingkang kawastanan ing têtiyang Dhigul Collectief.

Sarêng sampun kathah toko-toko, blônja dhatêng militèr dipun suwak, namung uwos taksih tumbas dhatêng parentah. Badhe kasambêtan.

--- 456 ---

Radèn Mas Margana

Ing Kajawèn sampun nate martosakên ing bab anggènipun Radèn Mas Margana kawisudha dados insêpèktur polêk krèdhit wèsên. Bab punika kados prayogi kaandharakên sakêdhik mênggah babadipun Radèn Mas Margana wau, awit tumrapipun pangkat wau, dhumawahipun ing golongan tiyang siti, nama lôngka.

[Grafik]

Radèn Mas Margana punika sakawit sinau wontên ing pamulangan Walandi andhap. Satamataipun saking pamulangan andhap, anglajêngakên sinau dhatêng pamulangan oplèdhêng ing Magêlang. Samêdalipun saking pamulangan oplèdhêng lajêng dados juru sêrat pambantu, inggih magang, kanthi balônja f 10.- saha botên dangu lajêng dados juru sêrat asistèn wadana ing Pajawaran, balônja f 15.-. Botên dangu kawisudha malih dados juru sêrat jaksa ing Banjarnagara, balônja f 30.- Sasampunipun punika lajêng mingsêr saking kalangan pangrèh praja, dados Inl. Ambt. Volskcredietwezen, balônja f 75.-

Kala samantên Radèn Mas Margana lajêng kapengin wangsul dhatêng golongan pangrèh praja malih, amargi manawi anglajêngakên dados Inl. Ambt. Volkscredietwezen, pangajêng-ajêngipun namung dumugi balônja f 250.-. Nanging sarèhning anggènipun wontên ing pakaryan wau nyêkapi ing damêl, lajêng kagolongakên amtênar bôngsa Eropah.

Môngka mênggahing lêrêsipun, amtênar punika apêsipun kêdah wêdalan H.B.S. gangsal taun, mila kêdah ngudi murih sami kados makatên, tuwin kêdah nyinau basa ngamônca: Jêrman, Prancis tuwin Inggris, punapa malih kêdah nyinau buk odhêng.

Sasampunipun dados amtênar wau kêdah iksamên tigang rambahan, wusananipun kacêpêng sadaya, lajêng dados kontrolir Volkscredietwezen, salajêngipun dados ajung insêpèktur. Saha wêkasanipun kawisudha dados insêpèktur.

Mênggah pangkat insêpèktur punika, kapetang satunggiling pangkat ingkang sarana pilihan, dados anggènipun Radèn Mas Margana kapilih punika, salugu saking tinarimah tuwin nyêkapi ing damêlipun.

Wusana namung pinuji, mugi sampun kirang satunggal punapa.

--- 457 ---

Nagari Ngamônca

Pasulayan Jêpan kalihan Tiongkok

Mirid kawontênaning pasulayan praja kêkalih ingkang kasêbut ing nginggil, lôngka manawi sagêd dados rukun, awit sami kêdunungan raos kalajêng kabranang, nanging wantuning lêlampahan ing salêbêting paprangan punika kawontênanipun botên beda kados pawayangan, inggih punika wontên ingkang andhalang, têgêsipun ingkang ngingar-ingêr rêmbag, dados mênggah pangajêng-ajêng rukun, inggih tansah wontên.

Nanging pinanggihipun ing rêmbag, sanadyan sabên-sabên sampun kênthêng-kênthêng, inggih tanpa wusana. Dados pinanggihipun, ingkang ngudi murih rukun tansah ngangsêg, nanging ingkang pêpêrangan tansah nêsêg, kala-kala ugi wontên pawartos sajak badhe bibar, lajêng rukun, nanging sakêdhap malih lajêng wontên wartos angagètakên, pasulayanipun malah saya rame.

[Grafik]

Tawanan bôngsa Tionghwa ingkang kajagi dening suradhadhu laut Jêpan.

Ing sadèrèngipun tanggal 29 Marêt, sampun wontên usul, supados ing tanggal 29 wau ngèndêlana pêpêrangan. Pancènipun tumraping pangajêng-ajêng padhami sampun wontên, nanging inggih punika wau, ubaling pamanggihipun satunggal-satunggaling golongan beda-beda, tur bedaning pamanggih wau wosipun sami angajêngi dhatêng pasulayan. Dene mênggah nalaripun, kados ta: Jêpan [Jê...]

--- 458 ---

[...pan] gadhah panêdha, supados wadya Jêpan kenginga têtêp manggèn wontên ing laladan margi sêpur Syanghai, Wosung, dene wadya Tiongkok anjagia laladan ingkang sampun dipun tilar dening Jêpan. Tamtu kemawon panêdha makatên wau botên dipun pituruti dening senapati Tiongkok. Wontênipun makatên, awit panêdhaning mêngsah, punika botên wontên ingkang botên mêngku kajêng wigatos, ingkang wosipun badhe damêl kapitunan.

[Grafik]

Saradhadhu Tiongkok ananggulangi mêngsah wontên ing Syanghai.

Dene ingkang langkung cêtha, bilih padhami wau lôngka kalampahanipun, ing tanggal 29 kasêbut ing nginggil, barisan Tiongkok ingkang dipun tindhihi dening Jendral Liyu Cih, bidhal ngangsêg dhatêng papan paprangan, makatên ugi golongan sanèsipun, ugi nêdya ngangsêg ngrêbat papan ingkang sampun dipun broki ing mêngsah. Samantên ugi wadya Jêpan, ugi tansah gumlêdhêg kados ilining toya bêna, badhe ngêlêm laladan Tiongkok. Punapa kawontênan ingkang kados makatên punika ingkang badhe dados tandhaning padhami.

Malah tumraping Jêpan, para wadya ingkang sampun wangsul dhatêng praja, badhe dipun santuni wadya enggal, kawangsulakên dhatêng Tiongkok malih, tuwin tindak wau botên gêgayutan kalihan rêmbag-rêmbag ing bab padhami. Badhe kasambêtan.

Bab Buku

Redhaksi Kajawèn mêntas nampèni buku: Anggêr-anggêr lan Pranatan Pamulangan, ôngka II. 1 iji anggitanipun Tuwan L. van Ryckevorsel dhirèktur pamulangan normal ing Bahrawa, kabiyantu dening Radèn Yasawiarja, kapala sêkolah ing Bahrawa.

Buku wau wêdalan saking pangêcapan J.B. Wolters ing Batawi. Isi ing bab anggêring pamulangan ôngka II. Minôngka jangkêping buku pratikêle mulang. Mênggah isinipun migunani sangêt tumrap para guru, rêginipun f 1.-

Redhaksi Kajawèn ngaturakên panuwun.

--- 459 ---

Bab Tanêman

Markisah

Têtuwuhan markisah punika, cêkakipun ing pundi-pundi ugi wontên, ing rêdi, dhusun, ngare, kitha alit, kitha agêng, ugi kasumêrêpan wontên tanêman markisah. Para maos tamtu sampun anguningani, dene bab kalampahanipun nanêm, punika kula botên sagêd namtokakên. Gêsangipun markisah punika kenging kawastanan gampiling gampil, ugêr sae saèstu pangupakaranipun, tamtu sagêd gêsang, ragi kalis ing ama. Dene gêsangipun wau purun dipun rambatakên ing pagêr, wit-witan, lanjaran, saha dipun anjang-anjangi. Miturut wujudipun, markisah punika tanêman ingkang rumambat (bangsanipun êlung), tôndha yêkti ingkang dipun tanêm, inggih êlungipun watawis samètêr panjangipun. Manawi sampun purun gêsang, andêmênakakên ngrêmbakanipun. Umuripun kagolong awèt, uwitipun pasagi anglingir kados uwit uwi, godhongipun kandêl ragi agêng, sêkaripun agêng wujudipun wungu pèni, gônda sêdhêp andulêg, manawi sampun mêgar kados dilah èlèktris mawi semyok, wohipun agêng. Wangunipun gilig panjang sêmu balimbingan, kulit pêthak sêmu jêne, andaging, tur wontên isinipun.

[Grafik]

Wujudipun markisah

Mênggah pigunanipun nanênnanêm. markisah, tumrap ingkang dêdalêm ing kitha, kenging kagêm pasrèn, wontên ing ngajêngan sarana dipun anjang-anjangi (dipun rambatakên) prêlu kangge tamèng bilih môngsa jawah, bêntèr, saha balêdug. Ugi kenging kagêm pasrèn ing patamanan, upaminipun tumrap ing kupêl. Wohipun kenging dipun alap dagingipun kagêm sayuran, manisan, tuwin sanès-sanèsipun. Dene isinipun ing nglêbêt manawi sampun sêpuh yêktos, kenging kagêm rujakan dipun dhahar mawi ès, mênggah pandamêlipun gampil-gampilan kemawon, makatên: isi markisah satunggal, kawadhahan ing gêlas pangunjukan kalih iji, lajêng dipun dèkèki gêndhis pasir sacêkapipun têrus dipun cor toya bêntèr kintên-kintên 2/3 ning gêlas, manawi sampun asrêp dipun cêmplungi èsipun, dene anggènipun ngunjuk sabibaring dhahar wanci siyang. Wah, dhasar inggih miraos sayêktos, lêgi, sêgêr, kasêmbuh raosing isi markisah kumrêmêt nabêt pindha rambutan, sumôngga dipun cobi.

Muluking catur janma ing pandhawa.

--- 460 ---

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

Pikantukipun Indianisatie.

Mênggah têmbung Indianisatie punika ing samangke kados sampun kêlimrah sangêt, lan ing sêrat-sêrat kabar, langkung malih ing sêrat-sêrat kabar Walandi, rame anggènipun sami angrêmbag ing bab punika. Tumrap dintên samangke kula badhe ngobrolakên gagasan kula ingkang tansah ngayawara punika mênggahing kapitunan punapadene pikantukipun, saupami indianisatie punika saèstu katindakakên wontên ing tanah ngriki.

Langkung rumiyin kados prêlu ngandharakên mênggah kajêngipun têmbung indianisatie. Manawi botên sangêt-sangêt anggèn kula "salah wessel" kintên-kintên têmbung indianisatie punika atêgês: migunakakên kêkiyatan asli saking tanah India - punika manawi cara jaman modern samangke ingkang dipun sêbut In-do-ne-si-a - piyambak. Ingkang makatên punika atêgês: sadaya ingkang dados kabêtahanipun nagari, kados ta ambêtahakên dhatêng: juru sêrat, commies, guru, tukang, dalasan ingkang mawi sêsêbutan Ir. Mr. Dr. lan Professor pisan, punika sasagêd-sagêd nagari migunakakên têtiyang ingkang sampun wontên ingriki, dados botên prêlu ndhatêngakên têtiyang saking mancapraja, kajawi manawi ingriki pancèn botên sagêd angsal, ingkang lajêng kapêksa minta sraya dhatêng sanès praja.

Mênggahing pamanggih kula, saupami indianisatie wau dipun tindakakên kanthi yêktosan, têgêsipun kanthi anêtêpi punapa mêsthinipun, kados-kados pancèn inggih utami sangêt. Kuwatos kula gèk mangke, sanajan sampun wontên rêmbag: "kudu migunakake kêkuwatan asli tanahe dhewe", lajêng mêksa kalêbêtan paribasan: "macan galak masa mangana anake dhewe". Ewasamantên inggih botên kenging dipun paibên, sintên tiyangipun ingkang badhe tega dhatêng anak putunipun piyambak, têmtunipun inggih langka. Manawi tindakipun badhe suka kawêlasan dhatêng anak putunipun kanthi barès kurès, kados inggih botên patos nyênêpakên padharan, nanging ingkang sok mulêsakên sirah punika anggènipun sok migunakakên ular-ular makatên upaminipun: "Bênêr ing kene iki wis ana, nanging putuku siji kae kapintêrane "luwar biasa" têmênan, mulane pantês kudu olèh papan".

Inginggil sampun kula aturakên bilih tatanan indianisatie punika manawi katindakakên kanthi punapa mêsthinipun, mêsthi utami sangêt. Sampun têmtu tuwuhing tatanan enggal punika badhe wontên ingkang nandhang kapitunan. Awit blanjaning para ambtenaar botên badhe sathekruk kados samangke punika, ingkang saperangan mêndhêt ukuran blanjaning bangsa Europa, ingkang kapêksa kêdah dêdunung wontên ing tanah bêntèr ngriki saha lajêng angsal èmbêl-èmbêl pituwas ingkang langkung kathah. Nanging blanjanipun wau lajêng dipun damêl miturut ukuran blanjaning ambtenaar ingkang wontên ingriki. Jalaran wontênipun andharan punika, satêmah lajêng anuwuhakên kawontênan sawênèhing golongan bathi, sawênèhing golongan malih tuna. Mangga samangke sami anyumêrêpi têtandhinganipun kawontênan wau. Punapa kathah ingkang nandhang kapitunan, punapa langkung kathah ingkang sami angsal kauntungan.

Langkung rumiyin ingkang karêmbag wontên ingriki golongan ingkang badhe nandhang kapitunan jalaran badhe tumindakipun indianisatie wau, inggih punika:

1e Para manca ingkang sami gadhah panganggêp dhatêng tanah Indonesia kadosdene lêmbu puhan, dados para manca ingkang sumêdya dhatêng tanah Indonesia namung prêlu badhe nglêmpakakên donya brana, punika ing sarèhne ingriki punapa ingkang dados bêtahipun namung badhe migunakakên kêkiyatan asli ngriki piyambak, lajêng rumaos katutup ingkang dados sêdyanipun.

2e Para ambtenaar ingkang sampun wontên samangke, punika têmtu badhe suda gagah tuwin brêgasipun, jalaran blanjanipun, saking sakêdhik mêsthi badhe dipun piprili, ingkang anjalari ewahing panggêsanganipun, kados ta upaminipun: ingkang kulina sês sigarèt, lajêng kapêksa narimah sês dika utawi klobot, ingkang kulina mêrtega-mêrteganan, narimah mawi lisah klêntik, makatên sapiturutipun.

3e Para mudha ingkang nêdya badhe ngabdi dhatêng nagari, punika sami kêndho ingkang dados idham-idhamanipun, inggih jalaran saking mêngkêrêting blanjanipun wau. Upami kemawon idham-idhamanipun ingkang suwau makatên: "Yèn aku besuk wis dadi ndara klerk blanja f 200.- aku arêp rabi bocah wadon Mulo." Nanging manawi indianisatie sampun katindakakên, idham-idhamanipun wau lajêng malih makatên: "Sanadyana aku wis dadi klerk lan blanjaku wis pantok pisan, nanging kiraku iya durung bisa ngingu bojo, hla wong blanja kok mung sa..."

Namung samantên ingkang prêlu kula andharakên mênggahing golongan ingkang badhe nandhang kapitunan, saupami tatanan indianisatie wau kalampah dipun tindakakên. Kosokwangsulipun: ingkang badhe damêl kauntungan inggih sasayahipun sayêktos. Kados ta:

--- 461 ---

1e. Ing sarèhning blanjanipun para punggawa nagari sadaya sami dipun êdhakakên, sampun têmtu wêdaling arta nagari ingkang minangka kangge blanjanipun punggawa wau, inggih badhe suda sangêt. Jalaran saking punika bêtahipun nagari dhatêng arta inggih lajêng badhe suda sasayahira. Sudaning bêtahipun nagari wau, punapa botên sagêd anjalari sudaning sêsanggènipun para kawula? Sabotên-botênipun nagari mêsthi badhe saya sagêd adamêl yêyasan ingkang pancèn prêlu utawi migunani tumrap umum.

2e. Manawi tatanan Indianisatie sampun katindakakên saha para punggawa nagari namung têtiyang ingriki kemawon, têmtunipun lajêng botên kathah arta ingkang sami plêsir-plêsir dhatêng manca nagari, jalaran kabêkta dening para bêndaranipun ingkang pinuju perlop, saha ingkang wusananipun arta kathah wau botên purun wangsul malih, awit sampun kraos wontên ing nagari manca kasbut.

3e. Ing sarèhning blanjanipun para punggawa nagari umumipun sampun botên patos menginakên, cacahing para mudha ingkang kêpengin dipun sêbut: ndara priyayi, têmtunipun inggih lajêng saya suda. Ingkang makatên punika sampun têmtu lajêng badhe ngajêngakên punapa ingkang dados ancasing para kaum kabangsan, inggih punika ancas ingkang ngudi dhatêng: selfhelp.

4e. Inginggil sampun kacariyosakên, manawi indianisatie tumuntên katindakakên, blanjaning punggawa nagari mêndhêt ukuran saking blanjaning punggawa têtiyang lahiran ngriki. Ingkang makatên wau, ing sarèhning botên wontên bathinipun barang-barang, têmtunipun inggih badhe suda sangêt cacahing tiyang siti ingkang sami nêdya gantos nami, upaminipun: Pa' Marta dados: P. Marteau, Krama dados: Kromme, dalasan Nalagareng kemawon têka dipun pindhah dados: Nulgaren, makatên sapiturutipun, inggih punika ingkang sok lajêng dipun wastani: Walandi 1½ rupiyah.

5e. Salah satunggiling golongan bangsa, ingkang sanadyan lahiran ngriki, nanging dêrajatipun langkung luhur tinimbang tiyangipun siti, jalaran tumindakipun tatanan indianisatie wau, wusananipun têmtu lajêng badhe santun salaga. Ungêl-ungêlan ingkang sok mawakakên, kados ta: "Ojo wani-wani karo aku, hoor. Aku iki wong Landa". Têmtu badhe musna saking donya Indonesia ngriki. Ingkang makatên punika sagêd anjalari saya tata-têntrêming praja, awit satunggal lan satunggaling bangsa lajêng botên anggadhahi rumaos langkung inggil lan langkung luhur dêrajatipun kados ing samangke punika, ingkang amung badhe anuwuhakên sêsêngitan kemawon.

6e. Inginggil ugi sampun kaandharakên, bilih jalaran saking sudaning blanja, para ndara-ndara priyantun têmtu lajêng badhe suda brêgasipun. Ingkang suwaunipun kulina sês sigarèt, lajêng sês dika utawi klobot, ingkang kulina mêrtega-mêrteganan, narimah lisah kalêntik, ingkang karêm sop-sopan tuwin kênthang-kênthangan, lajêng ngulinakakên dhatêng jangan bêning tuwin sêkul kluban, ingkang rêmên jas-jasan palmbeach utawi cabardin, lajêng gantos mangangge lurik-lurikan, makatên sapiturutipun. Malihing panggêsanganipun para priyantun ingkang makatên wau, punapa botên satunggiling kauntungan agêng tumrap bangsa Indonesia ngriki? Kintên kula lajêng botên prêlu mawi dipun warak-warakakên, botên prêlu tansah dipun sêsorahakên wontên ingajênging tiyang kathah, ancas swadhesie têmtu badhe majêng piyambak.

Kados cêkap samantên andharan kula bab punika. Saèstu badhe ngandhar-andhar angêndhukur saupami kula lajêng-lajêngakên tur badhe ambosêni. Mila ingriki kula punggêl saha kula kanthèni angsal-angsalaning pamanggih sawatawis ingkang sakintên cundhuk kalihan andharan wau.

Lampahing Indianisatie tumrap Indonesia punika, bilih tumindakipun kalihan adil, têgêsipun botên mawi pilih sih tuwin botên mawang bangsa tuwin pakulitan, kados kenging katêmtokakên badhe agêng sangêt pikantukipun tumrap pamarentah kalihan ingkang pinarentah. Dados watonipun isining Indonesia ngriki sampun botên wontên ingkang migunakakên panganggêp langkung inggil darajatipun tinimbang sanèsipun, kados namung badhe kauntungan agêng ingkang badhe pinanggih, jalaran raos makatên wau kajawi botên angewahakên mêmpênging sêsarêngan nyambutdamêl, ugi botên anyudakakên darajating golongan sanèsipun, têgêsipun têtêp taksih kêdah aji-ingajenan kados salimrahipun bangsa, ingkang sinêbut "susela".

Botên kenging botên sadaya kawontênan punika têmtu asisih-sisihan, kados paribasan Walandi, ingkang mungêl: "De eene zijn brood, de andere zijn dood." Janji wontên golongan ingkang untung, ing têmbe wontên golongan sanès ingkang buntung. Nanging mênggahing punika kêdah mawi têraju, kauntungan lan karugian wau, ingatasipun parentah utami pundi lan badhe wilujêng pundi bilih kalampahan katindakakên.

Abon-aboning gagasan kula punika namung kula pêndhêt ingkang gampil-gampilan kemawon, dados jangkêp sarta saenipun badhe kasumanggakakên dhatêng ingkang sami wajib ngrêmbag bab punika. Kirang langkungipun têmtu botên badhe kawêkèn pangolahipun. Samantên wau bilih obrolan punika kagalih wontên damêlipun. Dene yèn ginalih tanpa karya, inggih botên dados punapa, tiyang punika namung gagasanipun pun PÊNTHUL.

--- 462 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI.

Pêkên lurik. Ing wêkdal punika comite swadeshi ingkang dipun pangarsani Tuwan Driyowongso ing Ngayogya, bikak pêkên lurik Balewêrti No. 20 Surabaya, angsal pambiyantu saking Local Persatuan Pak Bond Pegawai Negeri ing Surakarta.

Mangga sampun katalompèn, sampun ngantos kawon suk. Awit jamanipun kêdah sarwa rikat.

[Grafik]

Sawung-sawung bal-balan ingkang mêntas tarung wontên ing Bêtawi. Gambar inginggil punika sawung bond Bêtawi, ingkang ngandhap bond Bandung, ingkang mêntas kawartosakên sawangsulipun saking Bêtawi dhatêng Bandung manggih kasangsaran ing margi.

Pamêdal karèt ing wulan Maart kapêngkêr. Miturut cathêtan pamêdal karèt ing Sambas, gadhahanipun kabudidayan ngamanca, wontên 13 ton, gadhahanipun tiyang siti 387 ton. Pontianak 89,849 ton, Banjarmasin 93.900 ton, Palembang 73.482 ton, Jambi 31822 ton.

Inggih nama taksih lumayan.

Pabrik tênun Jêpan. Wontên pawartos, ing Jawi Têngah sampun wontên sadhiyan papan kangge ngêdalakên pabrik tênun Jêpan, kantun ngêntosi pirantosipun kemawon.

Samantên pinanggihipun tindak cêkat-cêkat. Sasat botên kenging dipun raosi.

Gunggunging kuli kontrakan ingkang kawangsulakên. Miturut pawartos saking kantor Avros tuwin Veda, ing salêbêtipun tigang wulan kapêngkêr wontênipun kuli kontrak ingkang dipun wangsulakên saking Sumatra dhatêng tanah Jawi wontên 21.000.

Tiyang samantên punika wontênipun ing tanah Jawi lajêng badhe punapa, mêmêlas.

Angsal-angsalaning comite Roode Kruis Fonds Tiongkok. Comite Roode Kruis Tiongkok ing tanah ngriki sampun sagêd ngintunakên arta dhatêng Tiongkok pêpetanganipun: Saking Mekasar f 30.000.- saking Sêmarang f 50.000.- lumantar sêrat kabar Sin Po ing Bêtawi f 150.000.- Surabaya lumantar tiyang 4 f 200.000.- Surabaya malih f 250.000.- tuwin saking Sumatra f 150.000.-

Sêmantên kalêmpakanipun arta ngriki ingkang ngalêmpak saking karukunan.

Woning bureau "Trio". Ing Plampitan Surabaya wontên ingkang ambikak kantor nama "Indonesische Woning bereau", ancasipun nêdya mitulungi tiyang sade tinumbas tuwin pados sewan griya. Ingkang nindakakên padamêlan wau Tuwan Usman, Dwijosuprapto tuwin Sujimin.

Punika dados pitulungan agêng tumrap tiyang ingkang bêtah tuwin ingkang badhe nêdya ngringkêsakên kabêtahan.

Pados sawung pakêmpalan. Pakêmpalan abdi dalêm Kasultanan Ngayogya nama P.V.P.K. naros dhatêng priyantun pilihan, kaparênga mandhegani pakêmpalanipun. Bab punika sampun wontên ingkang ngayahi.

Punapa botên nyata ing kalangan punika kêdah wontên sawungipun.

Jaman mlèsèt sayêktos. Ing Cilacap mêntas wontên lelangan anglelangakên kapal tarikan. Kapal wau namung angsal pangawis pantog f 2.50. Inggih kêlampahan dipun lelangakên.

Manawi ngèngêti lêlampahan kados makatên punika, tiyang wajib sangêt angaosi dhatêng arta. Sampun angèngêti mirahing tumbasan, ngèngêtana awising artanipun.

Ngangkatakên tiyang dhatêng Bêngkulên. Ingkang wajib ing Blitar mêntas ngangkatakên tiyang langkung saking 1000 dhatêng Bêngkulên, kajawi punika ugi wontên angkatan saking Kêrtosono.

Tindak rêrigên makatên punika mugi sagêda lumintu, salajêngipun sagêd mitulungi dhatêng têtiyang ingkang asli wangsulan saking sabrang, ingkang kawontênanipun nyata mêmêlas.

Darma Gêdhong Rakyat Indonesia. Pangrèh Sabakari ing Sêmarang mêntas ngawontênakên têtingalan ringgit tiyang mawi bayaran, manggèn ing gêdhongipun piyambak. Angsal-angsalanipun kangge darma dhatêng gêdhong Rakyat Indonesia ingriku.

Punika nama satunggiling rekadaya kangge andhêdhasar tumindaking karukunan.

Nyêpêng tiyang manongan. Pulisi ing Ngayogya mêntas nyêpêngi tiyang manongan, inggih punika tiyang kêlambrangan tanpa dunung, wontên tiyang 30. Sarêng kaladosakên dhatêng Landgerecht, têtiyang sadaya wau sami kaukum kunjara ngawan wêlas dintên.

Ambak nama dipun kunjara, tumrapipun wontên ing jaman kados makatên têrkadhang têtiyang wau malah rumaos angsal pangason.

--- 463 ---

Pabrik Bir Enggal. Wontên pawartos, N.V. Archipel Browerij Compagnie ing Amsterdam badhe ngêdêgakên pabrik bir wontên ing tanah ngriki, milih papan ing Bêtawi, Medan, Surabaya lan malih ing Singapura. Kaangkah sabên taun sagêd ngêdalakên 20.000 hl. Ing sapunika sampun wontên ingkang dipun wiwiti.

Wah ing tanah ngriki badhe mirah ombèn-ombèn sayêktos. Wah malih têtiyang ing tanah ngriki dèrèng sagêd damêl piyambak, têmtunipun botên badhe kacuwan.

Mèngêti adêging Istri Sedar sampun 2 taun. Kawartosakên ing dalêmipun pangrèh agêng Istri Sedar ing Bêtawi mêntas ngawontênakên pasamuan, adêging pakêmpalan sampun 2 taun.

Pakêmpalan punika pinuji sagêda sêsarêngan kalihan para adhi-adhi tuwin bakayunipun.

Kantor madosakên padamêlan ing Ngayogya. Ing salêbêtipun wulan Maart kapêngkêr, wontênipun tiyang angguran ingkang namanipun dipun cathêt wontên ing kantor arbeidsbemiddeling ing Ngayogya cacah: tiyang siti 1696, bangsa Tionghoa 34 tuwin bangsa Eropah 308. Cacah samantên wau ingkang sampun angsal padamêlan, tiyang siti 87, Walandi 14.

Lumayan.

Sudaning pamêdal pagantosan Nagari. Miturut palapuran, tumrap papan pagantosan laladan Surabaya tuwin Celebes, pamêdalipun suda. gunggunging barang ingkang kagantos, golonga A ing taun 1931 wontên 6.830.540 iji ing taun 1930 wontên 7.563.396 iji. Barang B dumugi E taun 1931 wontên 71.511 iji, ing taun 1930 wontên 84.553. Dene wêdaling arta kangge barang A taun 1930 wontên f 23.783.470.55 taun 1931 wontên f 19.790.918.- Tumrap barang B dumugi E taun 1930 wontên f 7.703.984 ing taun 1931 wontên f 6.291.178.50.

Miturut kawontênan ingkang kados makatên punika, mênggahing pangintên, botên kok sudaning pamêdal pagantosan jalaran saking têtiyangipun sampun sami cêkap, nanging malah kosokwangsulipun. Awit limrahipun, bêtahipun tiyang punika anggantosakên, dados manawi botên anggantosakên atêgês sampun têlas-têlasan.

Dhukun digdaya. Ing Procot Têgal wontên dhukun neneman nama Radèn Bagus Sutata sagêd anjampèni tiyang. Cacahipun tiyang ingkang dhatêng jêjampi ewon, anggènipun anjampèni namung lêlahanan.

Tindak kados makatên punika pinanggihipun wontên ing mangsa punika kêrêp wontên nanging awis ingkang lulus. Dene dhukun ingkang kacariyosakên punika, pawartosipun wêdalan pamulangan têngahan. Tumindaking damêl sairib Dr. Sosrokartono. Punika nama kaelokaning Pangeran.

Ariwarti enggal. Golongan ebah-ebahan tuwin ahli dagang ing Bandung, gadhah sêdya badhe ngêdalakên ariwarti basa Mlayu, nama Preanger.

Mangga sampun mawi was sumêlang, tuwin sampun sami nyamarakên dhatêng jaman. Awit wataking tiyang punika rêmên dhatêng barang enggal, saya manawi damêl panuju, têmtu enggal mumbulipun.

AMERIKA.

[Grafik]

Bayi ingkang dipun colong ing durjana. Ing sêrat-sêrat kabar bayi, punika lare ingkang ical nama Charles Augustus Linberg ing Amerika. Lare wau ngantos dados padosaning nagari tuwin sanès-sanèsipun. Dumugi sapriki bayi wau sawêg pinanggih wontên wartos. Gambar ingkang sumandhing punika, gambaring griyanipun kolonel Linberg ing New Jersey. Dene gambar bayi, punika lare ingkang ical nama Charles Augustus Linberg.

ASIA.

Rêribêd ing Mansyurie. Sasampunipun wontên tindak nyêpêng kitha Nusngen sadasa dintên laminipun, wadya Jêpan sawêg sagêd ngêbroki. Kitha Nusngen punika têbihipun saking Tjansjun wontên 25 mil, kaprênah sisih lèr. Lêbêting wadya Jêpan ingriku, ngèngsêrakên wadya tiyang awon kanthi tilar pêpêjah 1000, ingkang têtiyang wau sêdyanipun ngêkahi nagari. Jalaran saking para ambtenaar botên cocog kalihan wontênipun paprentahan enggal, kawontênaning padamêlan pinanggih botên sae.

Heury Puyi gadhah panêdha dhatêng Jêpan, supados nyambêti wadya, prêlu nindakakên kabêtahaning praja.

Ebah-ebahan kamardikan Korea. Sacêlakipun watês Mansyurie tuwuh ebah-ebahan ingkang gêgayutan kalihan kamardikan Korea. Rakyat Korea nunggil kalihan rakyat Tiongkok. Tuwuhing ebah-ebahan punika kawartosakên saking Seoul Pingyang tuwin San Yi Chow. Guprênur Korea nêdha biyantu saking parentah Tokio.

Pillipina mêrdika. Kala tanggal 14 wulan punika Aneta martosakên, wontên pawartos saking Washington, wolung taun êngkas praja AmerikaPillipina. badhe kamardikakakên saking gênggêman Amerika.

--- 464 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

7.

Satêmêne iya mangkono: bapak. Rumasaku ora ana wong bumi kang pantês olèh pangaji-aji, kajaba biyungku dhewe.

Na, apa ta, rak mung mamahmu dhewe ta kang koajèni. La gèk kapriye margane kowe bisa jêjodhoan karo wong bumi.

O, pak, ya durung mêsthi, bisa uga aku bakal gathuk karo wong bumi, kang wêwatêkane kaya mamah, pintêr, bêcik bêbudène, wêruh tatakrama, kang wis prasasat dudu wong bumi manèh.

Coba saiki aku ngupamakake kowe wis kêtêmu karo wong bumi kang kaya mangkono, lan tak upamakake manèh, wong mau wis ngêmohi kabangsane. Nanging kowe rak isih têtêp bae ta, anggonmu ora dhêmên mênyang bangsane.

Babarpisan aku bakal ora duwe pikiran kaya mangkono: pak.

Iya, iya bênêr. Nanging tumrape bangsamu, kira-kira ora mung anjijèni mênyang bojomu bae, sanadyan mênyang awakmu dhewe iya duwe panganggêp mangkono, awit kowe diarani dadi wong kang ngêmohi mênyang bôngsa.

Nanging bab iku rak gumantung ana wonge bumi: ta, pak. Upamane Sumarta, dhèwèke srawungane mung karo bôngsa Eropah bae, pangkate komis, wis ora ana ambu-ambune wong bumi, lan nyatane wong-wong bôngsa Eropah padha dhêmên mênyang dhèwèke. Wong kang kaya ngono mau rak wis kêna diarani dudu wong bumi.

Ing kene iki nagara cilik, Dhorah, anane bôngsa Eropah kêna dietung, ing sadurunge Sumarta nêrak kaluputan, yaiku ngrabi bôngsa Eropah, isih disênêngi ing akèh, awit dianggêp yèn dhèwèke wong pangajaran, wêruh ing tatakrama. Nanging samosa wis ngrabi bangsamu, mêsthi banjur diarani wong anggêmbelo, banjur didohi ing para mitra-mitrane, saya manèh yèn ana ing kutha kang gêdhe. Akèh têtuladan ing bab wong bumi ngrabi bôngsa Eropah kang tak sumurupi.

Aku iki mung mindhakake bae. Upama kowe tunggalan karo wong bumi kang dadi bojomu, kang pangkat luhur ana ing Batawi, mêsthine kowe kapengin sanjan-sinanjan karo wong liya, kang bakal dadi pawong mitramu, yaiku bôngsa Eropah. Kowe ngandêla, pangarêp-arêpmu kang kaya mangkono iku mêsthi bakal ora kasêmbadan. Ora ana uwong kang bakal têka ing omahmu, lan anggonmu mara dhayoh mung ditômpa alah ora bae. Kapriye rasaning atimu yèn kowe nêmoni lêlakon kaya mangkono. Lan kapriye rasaning atimu, saupama kowe ana ing papan pakumpulan dipitambuhi ing wong akèh, lan isih ana lêlakon liya-liyane manèh, kang agawe kurang kapenaking pikiranmu. Mangkono uga bab gêgayutane ana ing pagawean, jalaran saka ananing tindak kang kaya mangkono mau, anjalari gêthinging panggêdhe mênyang bojomu mau. Lan manèh kowe ngèlingana, gèr, katrêsnaning wong jêjodhoan iku ora mêsthi ajêg, malah gampang owah gingsire. Yèn tinêmu mangkono, lagi nganakake piduwung, kang jalaran saka anggone jêjodhoan momoran, tuwuh rasaning seje bôngsa. Tumraping wong lanang gampang anggone kêtuwuhan pikir, animbangake ora kurang wong wadon, sarta banjur eling mênyang kabangsane, apa manèh mênyang sanak sadulur kang maune padha pêpisahan. Para bisa wis marsitakake: bôngsa iku salawase têtêp tanpa owah, ora bakal bisa têtunggalan karo liya bôngsa.

Mangkono mungguh pituturku mênyang kowe: Dhorah. Besuk manawa kowe wis ngumur, lan wis jêmbar wawasanmu, kowe mêsthi bakal ngrumasani lan ngakoni mênyang bênêring pituturku mau kabèh.

Ing salêbêtipun Tuwan Be wicantên, Nonah Dhorah namung tilêman wontên ing rêsban kemawon, tanpa nyabawa.

Botên dangu katungka dhatênging rencang, matur manawi anggènipun tata dhahar sampun rampung.

Ing ngriku Nonah Dhorah lajêng tangi saha ngrangkul bapakipun kalihan cariyos botên tumut nêdha, amargi badanipun kirang sakeca, saha cariyos manawi pituturing tiyang sêpuhipun sangêt tumanêm ing manah.

Bapakipun mangsuli: Satêmêne rupamu ketok owah. Sukur yèn kowe bisa nampani pituturku. Aku pitaya: Dhorah, kowe bakal ora narajang mênyang panggawe luput kang agawe rusaking atimu, lan kang wêkasane ngrusak atining wong tuwa. Nguntala aspirin: Dhorah, wangune kowe masuk angin.

3. Lêpat ing pangajêng-ajêng

Kacariyos, Radèn Sumarta punika putra warandhaning wadana, nama Radèn Ayu Prawira, ing nagari S. Wiwit alit Radèn Sumarta dipun sêkolahakên Walandi wontên ing Batawi. (Badhe kasambêtan)

--- 53 ---

Nomêr 14, Taun III.

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu.

Tabêt Trêsna ing Wong Tuwa

Sawijining dina, ngarêpke bêdhug, langite rêsik, ing awang-awang ora ana mega utawa mêndhunge. Panase sumêlèt, kaya mlêthèk-mlêthèkna sirah. Ing Banaran kaya ana amun-amune, rupane gilap molah-malih ora pati cêtha, gèk sêmu kuning, gèk sêmu irêng, sarta gèk sêmu dadu, tansah kêdhêr ora mênêng-mênêng, yèn pinandêng, cat katon, cat ora. Sumuke lêmah kang nampêg rai, ambawurake pandêlêng, kang mênyang awak, marakake mriyang. Wong-wong kang mlaku ana ing panasan, padha mlayu-mlayu golèk pangeyuban, sikile kicat-kicat kaya ngidak mawa bathok. Ana bocah jênêng Sungkawa malaku ngambah ara-ara, sing lêmahe madhuk panas kaya gêni blubukan, sêntoyongan, kringête dleweran, raine abang mangar-mangar, labêt saka sayah lan panase, jangkahe diambak-ambakake, daya-daya êndang têkana ing papan anggarêmbêl, kang ana wite jambe, sing godhonge sinêrang ing angin, kumitir, kaya ngawe-awe, ambagèkake sing lagi mara saka kadohan. Satêkane ing ênggon, dhèwèke têrus anjujug ing pojok pagêr, papan pasareane ibune. Sêkarane watu itêm, wis lumutên, kinubêng ing pagêr puring, sing godhonge pating plênik kuning, manglung, kaya bocah padha anguk-anguk, lan dumunung ana sangisoring wit jambe sing godhonge pating srawe ijo royo-royo, ômba kaya payung. Si Sungkawa nyêdhak, lungguh angêdhêpês ana ing dagane, nganti suwe ora obah, ora nyêbawa, sarta mandêng watu kang angglugur, mripate kaca-kaca. Rasaning ati gêtun kamoran wêlas. Gagasane ngômbra-ômbra, kèlingan dhèk nalika dhèwèke isih cilik wayah dêmolan, esuk-esuk wayah saput lêmah, digandhèng, diajak mlaku-mlaku ana ing latar anggendhong adhine, sing mripate plola-plolo ngawasake lakuning rêmbulan, kang sorote rêmu-rêmu tumiba ing godhonging wit balimbing, pating krêtip kaya sêsotya kang sinawurake, salong clerat-clèrèt nyalawadi, gogrog runtuh ing lêmah. Ana sambungane.

Kabula Pranata.

--- 54 ---

Watak Bocah Bungahan

Yèn dititia têmênan, bocah iku sing akèh watak bungahan, lan bisa bae anggone arêp golèk bungah, kaya ta nêmu blèg kothong bae banjur dithuthuki, jarene tambur, unine dhêrèng dhèng-dhèng. Bocah liya-liyane barêng krungu banjur ngêbyuk, lan takon: apa kuwi. Wangsulane: tambur baris. Wah, ing kono banjur byuk-byukan, akèh sing padha milu, lakune nganti gêmrudug kaya baris têmênan, lan padha muni bêbarêngan mangkene: baris têrik tempe, ridhong dhêle gosong.

[Grafik]

Ana manèh bocah nêmu cuwilan daluwang banjur reka-reka dadi kondhèktur tram, karo muni: ayo karcis, ayo karcis. Mêsthine bocah liya-liyane banjur takon: karcis apa kuwi: ya. Wangsulane: karcis tram, ayo, kowe nunggang ora. Bocah akèh banjur padha kôndha: aku milu, aku milu. Wah, iya banjur byuk-byukan, iya apa bae sing cêdhak ing kono banjur ditunggangi, kanggo êtrame, yèn rupa lincak iya banjur pating jrêthot, malah sadhela bae sok bêjat. Wong ya bocah.

Ana manèh, dolanan reka-reka ngubur wong mati, ya digawe sênêng-sênêng, kaya ta nêmu cêcak mati, banjur dibuntêl suwekan mori, nalika budhal arêp mêndhêm, nganggo diiringake: la ila hailollah barang, nganti gêmrênggêng kaya angiringake layon têmênan. Mêsthi bae dolanan sing kaya ngono mau yèn konangan wong tuwane banjur disrêngêni: hus, hus, aja dolanan kaya ngono. Anggone srêngên mangkono mau, mung saka anjaga, bocah aja duwe tindak sing ora patut.

Mungguh wataking bocah dhêmên bungah-bungah, utawa dhêmên nêniru, iku ora mung bocah ing kene bae. Coba nontona gambar ing dhuwur iki, kuwi gambare bocah-bocah ing tanah Inggris, padha nunggang motor mabur bobrok. Wah, bungahe ora kira-kira, nganti rumasa kaya nunggang motor mabur têmênan, unine nganti pating calêbung, ana sing kôndha mêntas kalangan ana dhuwur kutha Paris, Amerikah, lan liya-liyane.

--- 55 ---

Trêsna Bapa

[Kinanthi]

wong-wong sing têka gumrudug / gamêlane nong ning nong gling / kêndhangane tansah ngaplak / lagon bango bango mati / Wêlas lan Jaka Kawasa / padha nonton anyêdhaki //

padha mèpèt gone lungguh / Ki Jaka Kawasa nuli / nglèlèti lênga nyang wayang / kêbênêr wayang Pak Mêlik / ing sawise sawatara / nglètèr anjogèd Pak Mêlik //

pacak gulu manthuk-manthuk / dhalange nganti ngunduri / dikira yèn dadi setan / dene ana wayang klithik / molah dhewe jêjogedan / malah gêbrès banjur wahing //

ora suwe bisa clathu / iya iki Radèn Mêlik / santanane Damarwulan / sapa sing wani nyêdhaki / aku mêsthi wani nepang / ahak-ahak ihik-ihik //

wong-wong gêr barêng angguyu / karo padha anudingi / we Mêlike kasurupan / banjur malerok Pak Mêlik / galodhag malêbu kothak / isih karo muni-muni //

saka jaba cêtha krungu / unine kaya nyêmoni / lumrah kabèh bocah-bocah / nadyan wonge tuwa kuwi / dhêmêne mung nyang tontonan / yèn kon pêthêl mêngke kriyin //

wong barêngan gêr angguyu / dhalange pêringas-pringis / sidhakêp karo akôndha / genea iki Si Mêlik / têka kêsurupan setan / aku dhewe nganti wêdi //

Mêlik banjur anguk-anguk / tangane lan tudang-tuding / karo calathu nyêkakak / pak pak, kowe aja wêdi / aku iki mung sadrêma / uwong kuwi sing marahi //

tangane Mêlik lan ngacung / Kawasa sing ditudingi / dhalange nuli anyêdhak / karo alon anakoni / punapa ta inggih nyata / aturipun thole Mêlik //

Jaka Kawasa sumaur / pancèn inggih nyata kyai / dhalange nuli akôndha / manawi ngatên prayogi / sadaya pun gêsangêna / dados sami botên mèri //

Ki Jaka Kawasa saguh / wayang kabèh dilèlèti / lênga Sangkalputung rata / nuli wayange kalithik / kabèh padha jêjogedan / padha kênès para putri //

Menakjingga gêdrag-gêdrug / sikil sing bubulên jinjit / muni karo mangap-mangap / êndi ratu ayu iki / ayo aku ladènana / wêtêngku sêlak ngêlikik //

wong nonton padha angguyu / wusana bubaran uwis / wayang dhewe mlêbu kothak / pating glodhag tumpang tindhih / dhalange nganti anyêntak / bok ya sing kaya priyayi //

wayang sakothak sumaur / nun inggih sandika kyai / dhalang nyêntak: hus mênênga / dhalang nuli angulungi / pêdhang nyang Jaka Kawasa / kanggo sarana ngopahi //

Ki Jaka mangsuli: nuwun / uwis bubaran saiki / Wêlas lan Jaka Kawasa / barêng esuk budhal nuli / munggah gunung mudhun jurang / mêruhi sawangan bêcik //

nuli lèrèn ana gunung / abangêt sênênging ati / ing batin Wêlas rumasa / nêmu bungah ing saiki / rasane susah wis ilang / ya mung kala-kala eling //

dhèk samana Wêlas wêruh / rêrupan bangêt mêdèni / angrêgêmêng kaya mega / suwe-suwe anyêdhaki / malah ngleyang banjur tiba / rupa manuk gêdhe putih // Ana sambungane.

--- 56 ---

Bocah kang Sênêng Gêthingan

(Aja nyêrikake atining liyan)

Sambungane Kajawèn nomêr 27

Tarmidi: Jajal ayo dipêcah, isine pira.

Wah padha bangêt bungahe dene dhuwite wis ana f 3.59.

Giran: Manawa didum, sing tômpa akèh sing kêrêp madani ya mas.

Tarmidi: Ora. Diracak bae, awit mangkene: yèn sing sathithik iku tôndha kang bêcik bêbudène, mula saiki tampane luwih katimbang nalika ambayar dhêndhan, iku minôngka ganjaran, lah sing kêrêp madani yaiku kang kêrêp didhêndha, mêsthine saiki tampane ya suda, minôngka paukuman anggone sênêng mêmisuh.

Kaija: Digawe apa dhuwit iki, dicèlèngi bae besuk taun ngarêp ditukokake mêrcon. Wah mendah sênênge.

Tarmidi: Aja dolanan mrêcon, bathine mung ambuwang dhuwit. Malah diwuwuhi bae. Bocah siji urun f 0.25 kêna dicicil ping pindho, kowe dhik Ran, bocahe etungên dhisik.

Giran: Ana bocah 13 mas, dadi dhuwite 13 x f 0.25 = f 3.25 diwuwuhi f 3.59 dadi ana dhuwit f 6.84.

Tarmidi: Dhuwit samono iku ditukokake piranti sêkolah. Dadi kaya toko. Yèn ana bocah kang arêp milu kudu ambayar f 0.25 + 1/13 x f 3.59 kira-kira f 0.525.

Bocah-bocah: Iya mupakat, mas.

Enggale carita, saiki kumpulan mau bisa gêdhe, nganti bocah sêkolah ora bakal kacuwan manawa têtuku ing kono, sabên taun bathine diêdum.

Saiki Tarmidi wis tamat pasinaone nuli sêkolah tani nyang nagara liya. Sanadyan Tarmidi wis mêtu nanging kopêrasi mau ora dibubarake, nanging malah gêdhe. Wong tuwane bocah-bocah padha ngalêm marang lêlabuhane Tarmidi.

Barêng bocah-bocah mau wis diwasa kabèh nuli padha nyambut gawe, kang tani dituntun karo Tarmidi. Lan ora lali uga ngêdêgake kopêrasi kaya kalane isih sêkolah, kacèke saiki dodol kabutuhane wong tuwa. Lan bocah-bocah mau saiki padha dadi wong sugih lan kapenak uripe.

Dongèngku wis tutug, mung adhi-adhiku utawa mitraku kabèh padha eling-elingên, aja padha moyoki liyan, sing sapa bisa têpa sarira iya diajèni liyan, lan rukun iku salawase tansah santosa.

Kakangmu bocah Pare, Sunarka.

--- [0] ---

Ôngka 30, 6 Bêsar Je 1862, 13 April 1932, Taun VII.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [465] ---

Ôngka 30, 6 Bêsar Je 1862, 13 April 1932, Taun VII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Palabuhan

[Grafik]

Untabing têtiyang ningali baita kapal wontên palabuhan Cirêbon. Ingkang katingal anjêgunuk punipunika. rêdi Crême.

--- 466 ---

Kawruh Padhalangan

Ringkêsaning Kawruh Padhalangan Ringgit Purwa ing Surakarta

Sambêtipun Kajawèn nomêr 27.

Ucap-ucapan ôngka: 25.

Alas-alasan

(Gôngsa nêsêg, jantur. Mawi têtêgan kêpyak).

Ing wana katrajang lampahe Radèn Arjuna, labêt prabawane satriya utama trah kusuma, rêmbêsing madu wijiling atapa, sajêroning wana akèh sabawane pating krosak pating gêdêbug pating jrêthot anggêtêri. Sato-sato sami ambrêsot kabêrasat, sato kang cilik mawur sarsaran. Singa barong, mong gembong, warak wraha mawrêg aru-ara, pating glêro pating glêrêng. A-ng, ê-ng, -aong, e-k. Kak kak kak kak kak, kak kak kak kak kak. A-k.

(Salajêngipun nirokakên swaraning kewan galak).

(Gôngsa kêndho), thèt, thèt, thèt, ngêlung, ku-k gêru-k, ak. Ku-k gêru-k, ak. Picing, picing, goling, goling (nirokakên swantêning paksi ingkang sae).

Kaya mangkana sajroning alas katon asri araras. Manuk-manuk ingkang andon wowohan ngocèh môncawarna anglamlami kapiyarsa. Maruta sumilir manda ngirit gandaning kusuma. Ocèhing kukila saistha manêmbrana marang Radèn Arjuna. Ana kang nucuk wowohan dhinawahakên, kaya lumaku misungsung sugata. Sajroning alas akèh talaga wêning alirab-lirab, gêgisik rêsik wêdhi malela, ing têngah akèh tunjung tarate kumuda saroja môncawarna, kasilir ing maruta lumenggang molah alenggok-lenggok anglamlami pandulu.

Ucap-ucapan ôngka: 26.

Danawa prêpat wontên ing wana

Para punggawa yaksa anggêgrêg sami sêseban munggèng soring wit karsula, dening sami bingung kaya kêna pangupadrawa. Raksasa alit tambuh-tambuh solahe pating bilulung ulêng-ulêngan, padha ora wêruh paran. Kang saka lor bali mangalor, kang saka kidul bali mangidul, ora wêruh arah-arahing bawana, sanadyan Sang Hyang Pratônggapati kapêdhutan lamuk lêlimêngan, ora kêna ginawe pandoming laku. Sajatine wadya danawa kêna prabawane kusuma kang mêndhêm kula nusup angayam alas. Nanging para raksasa ora ana kêndhak, malah padha suka-suka jêjogedan pating galidrah. Wênèh mrutah bêbrokoh, padha mamôngsa bêkakak kêkuluban warna-warna, minum badhèg brêm waragang sarwi pêthak aciya-ciya. Amung panggêdhening ditya Kala Wilutaksa, saking èmênge ati tansah gêrêng-gêrêng kaya singa antuk bayangan. Mangkana lajêng imbal wacana.

Ucap-ucapan ôngka: 27

Togog dhatêng

Eca dènira wawan sabda, kasaru playune

--- 467 ---

lurah Togog Sarawita. (Kasambêt sampak tanggung sanga).

Tambahan ucap-ucapan

Ha, Jêjêran raton limrah (Madraka, Kumbina, Cêmpala, Wiratha, Tasikmadu, Madura, Lesanpura).

(Angkatanipun sami kemawon)

Pranyata ing nagara Madraka nagara padhang jagate dhuwur kukuse adoh kuncarane. Raharjaning praja, para santana wadya kawula sami têntrêm widada suka basuki. Sakèhing dunung-dunung tuwin pawisman kathah ingkang rinêngga-rêngga anglamlami tiningalan.

Ing praja têbih parangmuka prasasat datan ana durjana juti sapêpadhane. Sagunging raja darbe gumêlar angandhar-andhar datan sinandeya, yèn raina rajakaya aglar ing pangonan, yèn sore mulih marang kandhange dhewe, labêt sajawining praja sarwa raras datan ana sangsayane.

Ya ta wênang dèn ucapakên pambêkaning nata ing Madraka, sanyata ratu adil paramarta asih ing dasih, ambêg pinandhita, alus ing sabda wardaya. Sang prabu sakalangkung titipriksa marang praja saisine, agung dananane, bèrbudi bawa laksana. Sajroning nagara sasat datan ana pêkir miskin angumbara. Sang nata tansah amuwuhi undhaking kawidagdan sarta kanimpunan marang para kawula. Puwara kajuwara ing môncapraja. Sintên jêjuluking nata: Mahaprabu Salya, Narasoma, Madrakeswara.

Sang nata amumpuni jaya kawijayan sakti môndraguna, miguna ing aguna datan ngêndhak gunaning janma. Luhuring panggalih bêbasan wahya wiyati, kesisan wraning ima, kontab para nata ing liya praja sami kasok pêpoyaning kautaman, bêbasan kang adoh tumiyung, kang cêlak manglung, atur bulu bêkti, glondhong pangarêng-arêng, guru bakal guru dadi, sami sumungkêm nganggêp puruita. Sang prabu sakalangkung asih urmat marang para brahmana, rumêsêp marang sasamining nata, sagunging kang ambêg raharja rinêsêpan sadaya.

[Grafik]

Mandradpati

(Lajêng nyandhak: anuju ing ari Rêspati...)

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 1787 (t. Ajik) Kajawèn nomêr 1 dumugi 10 sampun têlas. Jalaran saking punika panjênêngan kapetang dados lêngganan wiwit ½ - '32.

Lêngganan nomêr 2936 (t. H. Moh. Moekmin) lêrês, panjênêngan sampun angbayar.ambayar. Blangko kenging kagêm sanès dintên.

Lêngganan nomêr 5586 (t. R.M.P.C. Djajengpratomo), kenging.

--- 468 ---

Nagari Ngamônca

Pasulayan Jêpan kalihan Tiongkok

Lêlampahan punika manawi kêdah rame, inggih lajêng wontên kemawon. Ing sapunika tumrap ing Mukdhên, wontên golongan tiyang awon cacah 50 malêbêt ing kitha saking sisih wetan, dipun papagakên ing wadya Jêpan, têmtu kemawon dayanipun tiyang 50 wau botên anggôndra sapintên, lajêng malêncing kemawon. Nanging pinanggihipun jêbul kados côndhabirawa, saunduring tiyang 50 wau, wadya Jêpan malah lajêng mrêgoki tiyang awon 300 malih, sami umpêtan wontên ing griya-griya, lajêng dados campuh. Golongan tiyang awon wontên 50 ingkang tiwas, 75 dipun cêpêng, sanjata ingkang kabêskup wontên 100 iji. Sarêng têtiyang awon wau dipun priksa, sami ngakên, bilih anggènipun dhatêng ing ngriku punika dipun utus dening Jendral Cang Sèh Lyang, prêlu kapurih ngrêbat obat sanjata. Dados ing ngriki têrang, bilih tiyang awon punika kajêngipun sanès durjana, têrangipun dutaning mêngsah.

[Grafik]

Golonganing wadyabala Jêpan nuju wangsul mantuk numpak sêpur dhatêng nagarinipun saking Syanghai.

Tumrap golongan tiyang awon wau malah wontên 1500 malih ingkang dipun tindhihi dening Jendral Li Hai Ciang saking Puyu andhêsêg dhatêng Nungan. Wontên 3000 malih andhêsêg Alai Hang Isacu, nanging lajêng dipun jawahi bom dening motor mabur Jêpan, sadaya sami ngunduri.

Pinanggihipun ing bab pasulayan Jêpan kalihan Tiongkok, tumrap satunggal-satunggaling golongan ingkang gadhah raos murinani dhatêng salah satunggalipun pasulayan, panimbangipun tamtu nisih, tuwin gadhah pangajêng-ajêng mênangipun ingkang dipun iloni. Bab makatên punika tumrap kabangsan botên maibên, awit malah nama wajib, nanging tumrap ingkang botên gayutan makatên, wajibipun namung kêdah gadhah panimbang adil.

Dene tumrapipun ing wawasan, inggih punika [puni...]

--- 469 ---

[...ka] tumrap wawasanipun tiyang ingkang botên ilon-ilonên, cakipun tamtu panjang atêbih, awit lajêng mawi nyumêrêpi ing bab gêgayutaning praja kêkalih wau kalihan praja sanès. Wontênipun makatên, amargi pêpêranganipun satunggiling praja, punika tamtu anyampe dhatêng bab pasrawungan umum utawi panggêsangan. Inggih kados paprangan punika, ingkang katingal kemawon tansah nyampe dhatêng praja Inggris, Amerikah, Rus tuwin sanès-sanèsipun. Mênggah anggènipun kasampe ing rêmbag, jalaran saking sami gayutan kabêtahan, tuwin sampun dados jamakipun, rêbatan panguwaos, rêbatan puluk, punika yèn tiyanga limrah, pancèn sami dipun kajêngakên. Mila kawontênanipun praja-praja sanès, inggih tansah ngêmori rêmbag kemawon, dene rêmbag wau tamtu kemawon dipun tindakakên dening tiyang ahli wicara, awit ajining ucapipun tiyang makatên punika, ngungkuli ajining donya brana kathah, ucap ingkang dipun wêdalakên, kados pêpindhaning kalamar ingkang nasabi isi, inggih punika isi wêwados ingkang mêngku kajêng mikangsalakên dhatêng prajanipun.

[Grafik]

Saradhadhu Tionghwa golongan kasanga, nuju nanggulangi mêngsah ing Capèi.

Nanging inggih dipun wadosa kados punapa kemawon, wantuning wêwados wau sampun mawi ancêr kanalaran, dangu-dangu inggih lajêng cêtha wela-wela.

Kados ta ing bab paprangan punika, ing salêbêtipun taksih ura-uru, tansah wontên pasulayan ingkang narambul, kados ta Ruslan, ing sapunika saya cêtha anggènipun angganggu damêl dhatêng ingkang sami pasulayan, amêngsah Jêpan. Nanging tindakipun Ruslan punika punapa lêpat, ing pangintên inggih botên, awit Ruslan punika atêpang watês kalihan praja ingkang sami pasulayan, yèn ta botên tumut [tu...]

--- 470 ---

[...mut] cawe-cawe, yak, caranipun tiyang pêpagêr pakarangan, inggih dipun dhêsêk dening tôngga têpalih, manawi kalampahan makatên sintên ingkang badhe kecalan.

Tumrap praja Jêpan, ingkang pinanggihipun wontên ing môngsa punika, saupami wayang, sawêg dados jêjêring lêlampahan, inggih lajêng bikut anyantosani barisanipun ing dharatan utawi lautan ingkang cêlak kalihan Ruslan. Malah loking bôngsa Jêpan, angajak ngangsêg kemawon, sampun mawi anyukani manah dhatêng mêngsah.

[Grafik]

Margi sêpur Syanghai - Wusung, dununging wadyabala Jêpan.

Ing bab paprangan punika pancèn nyata kathah tindak ingkang mêngku pangarah ngudi kasantosaning wadyabala tuwin bêbantu, malah tumraping Jêpan tindakipun sampun kenging panggrayangan, kados ta ing bab adêging kamardikan ing Mansuriah, punika wosipun amikantukakên dhatêng kasantosanipun Jêpan, awit lajêng nama angsal pambiyantu saking golonganing tiyang siti, ingkang dipun agêngakên ing manah sarana piniluta ing panguwaos agêng, nanging nyatanipun inggih karêgêm.

Tindak kados makatên punika ing sapunika katingal jumêdhul malih wontên ing Syanghai, inggih punika Jêpan angêdêgakên laladan mardika wontên ing Sapèi, kadosdene karajan alit, dipun rèh dening presidhèn bôngsa Tionghwa. Wujudipun ing ngriku inggih katingal mardika yêktos, nanging mênggahing nyatanipun, bab punika sampun kambêt saking ing jawi, malah loking akathah mastani tamtu kados panunggilanipun Mansuriah.

Mênggahing wawasan lajêng katingal, bilih Jêpan punika pancèn linangkung, inggih kados rekadayanipun punika, sarêng ing nagari kasêbut ing nginggil katingal mardika, lajêng anuwuhakên pamuring-muringing bôngsa Tionghwa, anganggêp cidra dhatêng bôngsa piyambak ingkang kèlu ing pamilutaning mêngsah, lajêng têgêl mêmêngsahan sami tunggil rah. Mila pantês dipun sirnakakên pisan. Bokmanawi pancèn inggih kados makatên punika ingkang dipun kajêngakên ing Jêpan, saksat ngêbên karosaning bau kiwa têngênipun tiyang satunggal.

--- 471 ---

Gambuh Gramèh

[Gambuh]

ingsun arsa pitambuh / mring sadulur: Wija kang kasêbut / ing Kajawèn nomêr nêmlikur winarni / karanganira pinunjul / Mijil Gurèh kang kinaot //

tur rêdhaksi paring nut / karangane jêmpol sarta patut / datan ana para sarjana kang nyami / sakêdhik kuciwanipun / ukarane pating brênggol //

mila lêrês nutipun / kula maos inggih tansah gumun / botên ngrêtos ingkang dados karsanèki / punapa badhe anyatur / dhatêng tiyang ingkang dodol //

mula sun kamipurun / pitambuh atêgês kula nyuwun / ingkang dados ancasing panggalihnèki / mugi karsaa angracut / mawi ukara kemawon //

tan usah mawi têmbung / mijal-mijil sapiturutipun / yèn tan mathuk ngilangkên ancasing kapti / têmahan dadoskên kadung / dhatêng ingkang sami maos //

kula salugunipun / inggih cotho dhatêng têmbang-têmbung / nging kemawon sanajan mangkono yêkti / katimbang ala anganggur / ya tiru-tiru ambrênggol //

anggèn kula anggambuh / botên pisan amamèrkên kawruh / salugune namung rupêk ing panggalih / mula yèn sadulur saguh / tumuli ngracuta gupoh //

sanajan ta wak ingsun / anggènira ngarang ngrakit têmbung / yèn tan cêtha têgêsing pitambuh niki / yèn wontên para sadulur / ingkang botên sagêd ngrêtos //

mugi karsa amundhut / mangke kula anjarwani sanggup / kula racut têgêsing pitambuh niki / mawi ukara kang patut / yèn sami botên mangrêtos //

nêgês irahan dhuwur / Gambuh Gramèh ingkang kula catur / gambuh têgês datan wêruh sakèh kardi / gramèh têgês rèmèh iku / ya pitakone wak ingong //

dupèh kula mêntas wruh / Mijil Gurèh karangannya mungguh / banjur dadak Gambuh Gramèh kang pinanggih / sêjatine pancèn ewuh / mikir mijil gurèh goroh //

maos kula puniku / Mijil Gurèh nuju dintên Sêtu / tanggal kalih anyarêngi wulan April / taun sèwu sangang atus / tri dasa langkung dwi yêktos //

sisanipun pitambuh / wahanane ingsun arsa wêruh / ati rasa rasaning kang tan pinanggih / manawa arsa pituduh / kawula sangêt amunggoh //§ rasanirèng panutup / sanadyan ta kêsamar tinutup / kakênira kadi ucap nyênyêluki / kang mêngku karsa satuhu / anyandi tinutup wados // ingkang mangkana tuhu / cakira nèng sêkaran woh sêmu / umpêtan lir aling-aling sada siji / Sang Wija yêkti angguyu / nyambi ambongko kemawon // Red.

A.S. Kêjajar

Pawartos saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 2678 ing Grogolan, Surakarta. Nomêr 3756 ing Kêrtasana. Nomêr 5677 ing Sragèn. Prayogi sami mundhuta Djidwal wêdalan Bale Pustaka, rêgi f 0.40.

Lêngganan nomêr 1184 ing Karanganyar. 1 rêgi f 5.75.

Lêngganan nomêr 3294 ing Lodhan. 1 satunggal rêgi f 5.75. 2 dados kanthining gambar. 3 pitakenan bab dintên pêkênan sapanunggilanipun, dados kabêtahanipun ingkang pitakèn piyambak-piyambak, botên tamtu. 4 pitakenan punika gumantung dados kabêtahanipun ingkang pitakèn. 5 sarèhning golongan gêgayutan sêsakit, prayogi pados katrangan dhatêng dhoktêr ahli. 6 dhaptar kakintunan.

Lêngganan nomêr 2452 ing Nganjuk. Mundhuta buku Djidwal.

Lêngganan nomêr 312 ing Kriyan. Dhatêng Radèn Ngabèi Ônggapradata, ing Klathèn.

Tuwan S. ing Tlawong. Tuwan D. Purwarêja M.N. bab sayêmbara damêl gambaring tapih almênak, sampun cêtha kawrat ing wara-wara, sampun kathah ingkang mangrêtos kajêngipun.

Lêngganan nomêr 2337 ing Pacingkêrêp. 1 mundhuta buku Djidwal, wêdalan Bale Pustaka, rêgi f 0.40. 2 ingkang sade kantor pangêcapan Goan Hong, Pasar Pisang 20 Batawi.

--- 472 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Kawontênan ing Bopên Dhigul

Sambêtipun Kajawèn nomêr 29.

Tumindaking tatanan ingkang kantun punika ngantos kula dipun wangsulakên dhatêng tanah Jawi, namung wontên ewah-ewahan sakêdhik, sarêng rêrêgèning wos dipun andhapakên saking f 0.20 sakatos kantun f 0.14 sakilogram, balanjanipun dipun andhapakên saking f 1.- kantun f 0.75 wiwit wulan Sèptèmbêr 1931.

[Grafik]

Karamean ing Dhigul.

Kajawi bayaran padintênan, têtiyang ingkang gadhah anak bojo tampi gêsintulagê, bojo 20 prêsèn, anak satunggal 10 prêsèn, agêng-agêngipun gêsintulagê punika 50 prêsèn.

Padamêlan ingkang dipun wontênakên dening parentah, ingkang kinuwaosakên dhatêng panjênênganipun Tuwan Blok inggih punika ambabad saha angrêsiktiangrêsiki. wana kangge pagagèn, adamêl margi-margi saha sanès-sanèsipun, ingkang magêpokan kawontênan ing Dhigul ingkang gêgayutan kasarasaning têtiyang ing Dhigul. Panyobining panjênênganipun Tuwan Blok punika inggih kalêksanan dados pagagèn ingkang wiyaripun kintên-kintên sadasanan bau. Ing wusananipun sarêng wancinipun angênèni botên wontên isinipun.

Sabibaripun paprentahan kaasta dening panjênênganipun Tuwan Blok, lajêng kaasta dening panjênênganipun Tuwan Mêllêr. Inggih apangkat asistèn residhèn. Panjênênganipun punika botên angajêngakên ngawontênakên pagagèn, ananging ngêmungakên andamêl sênênging manahipun têtiyang Dhigul, tôndha yêktinipun sarêng panjênênganipun angasta paprentahan wontên ing ngriku, lajêng dipun wontênakên papan panggenan bal-balan.

Sarêng paprentahan kaasta dening panjênênganipun Tuwan Mèstêr Bot, inggih punika Januari 1931, kawontênanipun mèh sami kemawon kalihan panjênênganipun Tuwan Mêllêr. Namung kaotipun panjênênganipun Tuwan Mèstêr Bot taksih ngawontênakên papan kangge jagung saha patamanan wontên ing sangajênging dalêmipun. Saha ing wulan punika ugi wiwit wontên luwaran sapisan. Badhe kasambêtan.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- 473 ---

Kawruh Sawatawis

Sêsawangan ing Satunggal-satunggalipun Nagari

Saking gotèkipun para ahli lêlana tuwin ingkang kasêbut ing sêrat-sêrat, satunggal-satunggalipun nagari punika gadhah sawangan, inggih punika kawontênan ingkang tumrapipun tiyang ngamônca anganggêp anèh utawi adi, dados saupami wontên tiyang ngamônca dhatêng ing satunggiling nagari, tamtu mrêlokakên aningali dhatêng têtingalan ingkang dipun anggêp anèh utawi adi wau. Upaminipun tiyang dhatêng nagari Amerikah, wontên ing ngriku mrêlokakên badhe ningali griya ingkang inggil-inggil, awit sampun misuwur, ing Amerikah punika kathah griya-griya inggil, ingkang pandamêlipun ngantos kados umpak-umpakan. Saupami wontên têyangtiyang. sampun nate dhatêng Amerikah, tamtu lajêng nyariyosakên ing bab inggil-inggiling griya, bêbasanipun ngantos sami sundhul langit, kosokwangsulipun manawi wontên tiyang sampun nate dhatêng Amerikah botên sagêd ngumukakên ing bab griya ingkang inggil-inggil, lajêng dipun anggêp, bilih anggènipun dhatêng Amerikah, dèrèng sah.

[Grafik]

Jalaran saking kawontênan ingkang kados makatên punika, tiyang anjajah praja punika sadumugining purug tamtu lajêng pitakèn, ing pundi ingkang pantês dipun tingali ing tiyang ngamônca. Tumrapipun wontên ing

--- 474 ---

tanah ngrika, wontên tiyang ingkang padamêlanipun dados juru pitêdah, tiyang wau lajêng nêdah-nêdahakên dhatêng panggenan-panggenan ingkang pantês dipun sumêrêpi ing têtiyang ngamônca.

Dados mênggahing yêyasan, tumrap satunggal-satunggalipun nagari ugi dados rêrêngganing praja, pundi ingkang nama elok, ucapipun lajêng sagêd sumêbar dumugi pundi-pundi, wêkasan sagêd damêl misuwuring prajanipun.

Dèrèng dangu ing Jêpan wontên yêyasan enggal, inggih punika jam sakalangkung agêng. Tamtu kemawon yêyasan wau lajêng nama dados barang elok, wujudipun mariksanana gambar. Ing ngriku lajêng nuwuhakên ucap, sintên ingkang dhatêng nagari Jêpan botên nyumêrêpi wujuding jam agêng wau, dipun upamèkakên saksat dèrèng dumugi nagari Jêpan. Kajawi yêyasan-yêyasan wau, ugi wontên sawangan sanès-sanèsipun, ingkang têtiyang ngamônca sami mrêlokakên ningali, kados ta griya-griya kina, patilasan-patilasan tuwin sanès-sanèsipun.

Pinanggihipun wontên ing tanah ngriki, ugi kêgolong kathah panggenan-panggenan ingkang kêrêp dipun dhatêngi ing para tamu ngamônca.

Nanging tumrapipun bôngsa ngriki, bab lêlana anjajah praja punika, kapetang taksih lôngka ingkang nindakakên. Wontênipun makatên, kintên-kintên jalaran saking kêkirangan waragad.

[Iklan]

--- 475 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Tatakrama

VI.

Garèng : Truk, Truk, omongmu nalika dina Sabtu kang kapungkur, dupèh aku ngêjor nyang bakyumu, kowe banjur andakwa yèn aku kiyi uripe ana ing sangisoring pinjung, lo, kuwi kowe kaliru bênggala, Truk. Sabênêre aku iki saupamane boksên mêngkono, lagi trènên (trainen), yaiku lagi ngulinakake, awit kowe sumurupa, jalaran saka sêdharing para wanita kiyi, ing têmbe pranatan ana ing donya iki mêsthi bakal owah-owah. Hla, kuwi sadurang-durunge, aku kudu wis sadhiya luwih dhisik, murih ing têmbe aja nganti aku diarani wong wêton... museum. Mulane, Truk, ing sarèhne kowe duwe anak lanang, poma dèn poma, sabên dina aja nganti lali anggonmu tansah ngemutake mêngkene: ênggèr, yèn ing têmbe kowe olèh jodho, sing bêkti lan sêtiya mênyang guru... rabimu.

[Grafik]

Petruk : Mêngko dhisik, Kang Garèng, aku tak nyêla pitakon, ana têmbung kok: guru rabi, lo, kiyi apa têmbung anyar. Nèk: guru laki, hla kuwi aku iya ngrêti.

Garèng : O, hla wong kowe, Truk, Truk, aku iya ora maido anggonmu pancèn doyan maca, nanging caramu maca mau kêna tak upamakake kayadene ulêr môngsa gêgodhongan, anggêre: bluwêg, iya banjur: tlètèk. Dadi bênêr akèh sing kok waca, nanging ora ana sing kok rasakake lan kok wigatèkake. Seje karo aku, wong pancèn bangsane wong ngèlmu rasa, apa-apa iya mêsthi tak rasakake [rasa...]

--- 476 ---

[...kake] lan tak pikir. Kaya ta: owah-owahing jaman saiki kiyi, yaiku jaman wiwit sêdharing wanita, mêsthi iya tak rasakake kanthi têmênan. Jalaran saka iku aku duwe panêmu, yèn têmbung: guru laki, kuwi tumrape jaman saiki, kudune nèk cara Walandane wis: it dhê modhê (uit de mode), têgêse: wis ora kêjaman manèh, dadi wajibe iya kudu dibuwang saka bausastrane. Lan saolèh-olèh kudu tumuli diganti karo têmbung: guru rabi. Awit sumurupa, nèk jaman biyèn pancèn iya bênêr yèn wong wadon kudu bêkti mênyang sing lanang, iya guru laki, nanging wiwit jamane istri padha sêdhar, wong wadon kudu dipadha drajate karo wong lanang. Ing sarèhning wis padha, wong wadon ora prêlu amêr... duli, ora prêlu ambil kêpala mumêt nyang wong lanang. Kowe dhewe rak iya krungu, ta, sêsorahe salah sawijining jago-e, nas, babon, -ning pakumpulan wanita ana ing konggrèsing para wanita, kuwi jarene kurang luwih mangkene: wong wadon wis wajibe kudu nyêmplung ana ing pulitik, nanging ora kêna mung arêp ela-èlu marang sing lanang bae, kudu ngênggoni kayakinan lan kaantêpane dhewe bae. Lo, Truk, cêkak aos mêngkono mungguh sêsorahe mau, hla, dadi bakale wis arêp diwiwiti, wong wadon nyang sing lanang kudu ngêpringake. Nèk sing kaya ngono kuwi wis kêlumrah, suwe-suwene banjur wong wadon sing dadi kêpala somah, lan wong lanang sing: ngliwêt, umbah-umbah, sêsapu, mopoki lan nyewoki anake. Wusanane iya dudu wong lanang, nanging iya wong wadon sing wajib... nalak têlu. Hara, Truk, apa aku salah anggonku awèh pitutur nyang kowe supaya ngemutna nyang anakmu lanang: besuk kudu sing bêkti nyang sing wadon, iya iku: guru rabine.

Petruk : Hêm, têka angèl anggonku anggagas, apa saka bêcike sing kakung, kapaapa. jalaran saka kakunge mau kuwatir yèn ora dikanggokake. Saupama kok Makne Kamprèt sing sêsorah ana ing ngarêpe wong akèh kaya mêngkono, kiraku mêdhun saka podhium, iya banjur têrus tak gandhèng tak jaki sowan nyang mas... pêngulu. Awit, Kang Garèng, sanadyan bôngsa sing wis luhur pisan, sanyatane sing diudi iya mênyang karukunan ana ing sajêroning ngomah, aja nganti lanang wadon tungkul gèsèh rêmbug, jalaran manawa tansah sêsowangan rêmbuge, anggone omah-omah iya mêsthi tansah kocar-kacir. Mara, pikirên bae, sanadyan bôngsa Srani bae, kuwi sing agamane Katolik sabisa-bisa iya ngôngka olèha jodho bangsaning Katolik, ora kok bangsane wong Protêstan, lo, kuwi pamrihe rak iya ora liya, supaya ana ing sajêroning ngomah aja nganti tungkul arêp cakar-cakaran bae. Mulane mungguhing panêmuku, sing diarani tatakrama tumraping bojo, kuwi uripe kudu sih-sinihan, têgêse: kudu rukun, guyub, saeka kapi.kapti. Karêpe: siji lan sijine kudu êmong kinêmong utawa turut-tinurut. Dene tatakramane tumrap anak, kuwi kudu bisa nêtêpi kuwajibane dadi: wong tuwa, yaiku kudu bêcik pamardine [pa...]

--- 477 ---

[...mardine] nyang anake, kaya ta: panggulawênthahe, pangopène, lan pamarsudine supaya ing têmbe bisa dadi wong kang utama. Hla, saikine tatakrama tumraping tôngga têparone, kuwi saolèh-olèh kudu ngatonake anggone sêmanak...

Garèng : Yah, aku kok ora cocog, dhing, wong aku kiyi tak kulinakake nyang tôngga pancèn iya tak sêmanak-sêmanakake, tak sêmêdulur-sêmêdulurake, ewadene ora ditômpa bêcik, malah anggêr cungurku katon bae, wis padha pating plêruk, cara Mlayune ana sing malah banjur: buwang mukak. Ing môngka saking sêmanak-sêmanakku, saking sêmêdulur-sêmêdulurku, aku babarpisan sok ora ngèlingi nyang udan utawa panas, tanggaku mêksa tak têkani, yaiku yèn wayahe ngarêpake arêp padha... wedangan.

Petruk : O, hla nèk mêngkono kuwi, Kang Garèng, anggonmu sêmanak, mung arêp ngakrak, anggonmu sêmêdulur, arêp nyukur. Kuwi rak tindake wong andrêmis, tindake wong cluthak. Ora mêngkono mungguh carane sêmanak nyang tongga têparo kuwi, nanging kowe kudu ngèlingi, yèn tôngga iku sajatine ngungkuli sadulur sing adoh, wujude sêmanak mau, kaya ta saupama ana ewuh pakewuh sawayah-wayah, sing mêsthi dijaluki tulung lan iya sing bisa têtulung dhisik ya tanggane mau. Mula wong têtanggan iku iya kudu bisa mong-kinêmong, yèn tanggamu kasusahan, saolèh-olèh kudu banjur enggal-enggal têtulung. Yèn tanggamu katon prihatin awit saka kasripahan upamane, iya kudu ngatonake bela sungkawane. Wanci têngah bêngi, wayahe wong turu aja rame-rame, aja sok gawe kagèt lan sapiturute. Nanging, Kang Garèng, rêmbuge padha dilèrèni samene bae dhisik, liya dina padha dibanjurake manèh.

[Grafik]

Sêsawanganipun ing pinggir lèpèn Musi, Palembang, sacêlakipun Sêlat Jaram.

--- 478 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI

Prakawisipun Tuwan De Wit. Ing bab prakawisipun Tuwan De Wit, redacteur Java Bode, ingkang kadakwa nyolong sêrat wau, ing sapunika sampun wontên katrangan, kalêpatanipun wau jalaran ngumumakên sêrat palapuran parêpatan Raad Hindia, ing bab rêmbagipun senapati wadya dharatan ngriki kalihan kantor babagan paprangan ing nagari Walandi, lumantar tilpun.

Kadospundi badhe karampunganipun, kantun ngêntosi kemawon.

Badhe nyatakakên tumindaking swadeshi. Indonesische Volksuniversiteit ing Surabaya badhe ngêdêgakên commissie, nyinau punapa ebah-ebahan swadeshi ing têmbe sagêd anjunjung drajad.

Punika satunggiling paniti ingkang mawas kanthi adhêdhasar lêbêt.

[Grafik]

Baita momotan. Sampun kacariyos, ing Palembang punika, lèpènipun prasasat kangge margi. Ing nginggil punika gambaripun baita momotan ngêwrat pisang ing lèpèn Musi badhe kasade dhatêng pêkên Muaragula, Palembang.

Sêsorah gêgayutan agami. Ing Banjarnêgara mêntas wontên sêsorah pêpanggihanipun Tuwan T.K. van Dijk saking Wonosobo, kalihan T.H. Jaeni saking Nyayogya. Tuwan T.K. van Dijk mratelakakên ing bab kitab injil, Tuwan T.H. Jaeni mratelakakên ing bab Quran. Danguning sêsorah ngantos nyaêjam. Ing ngriku lajêng ngawontênakên soal jawab, ingkang pinanggihipun botên adamêl pamarêm salah satunggalipun. Pêpanggihan punika kathah ingkang andhatêngi, kirang langkung wontên 1000. Nanging sarèhne botên wontên kawêkasanipun, Tuwan H. Jaeni gadhah panêdha, manawi badhe pêpanggihing malih sampun kadamêl umum makatên, mindhak nuwuhakên raos botên sakeca.

Bab sarasean babagan agami ingkang botên sami, punika adhakan dados pasulayan rêmbag. Nama sampun limrah.

Darma mikantuki. Comite PembantrasPembrantas. Pengangguran Indonesia ing Surabaya, pikantuk darma saking directeur pakunjaran, awarni tirahan têdha ing pakunjaran, sanès sisa.

Punika nama darma lajêng tumanja, manawi sagêd lumintu inggih lumayan.

Pasar Gambir. Wontên pawartos, benjing Pasar Gambir ing Bêtawi badhe dipun wontênakên balapan sêgawon angin.

Samantên kêsênêngan ingkang pinanggih wontên ing jaman kasêmbadan.

Awrat sêsanggêman rakyat. Pangadilan Landgerecht ing Bêtawi mêntas mriksa dakwa cacah 600, sami asli têtiyang bawahipun tuwan tanah Slipi, sami kadakwa prakawis botên ambayar lêlintunining padamêlan ingkang awarni arta f 5.- kangge nglintoni padamêlan kaping 52 wêdalan ing dalêm sataun, utawi botên purun ngêdali nyambutdamêl. Sarèhning dakwa wau tiyang samantên kathahipun, pamriksanipun pangadilan kacicil, saajêngan 30, Ingkang sampun kapriksa wontên ingkang kaukum 20 dintên tuwin 15 dintên.

Ingatasing namung arta f 5.- ngantos purun nglampahi paukuman, ing pangintên jalaran saking kamlaratan, dene anggènipun botên mêdal ing padamêlan têmtunipun inggih wontên sabab sanès. Nanging sarèhne têtêp kalêpatan, o, inggih namung mêmêlas.

Nyêpêng tiyang damêl arta palsu. Pulisi wados ing Bêtawi mêntas nyêpêng bangsa Tionghoa wontên pasar Sênèn, jalaran kakintên damêl arta palsu. Sarêng griyanipun kagledhah pinanggih wontên pirantos damêl arta talèn sarta kanggenan sanès-sanèsipun ingkang kakintên nyamar.

Sampun nama dados awisaning Parentah, tamtunipun tiyang wau kenging dipun wastani: sarèhning awis arta, lajêng damêl arta piyambak.

Ngèndêli punggawa gabrikpabrik. gêndhis 1200. Ing salêbêtipun taun punika, kintên-kintên wontên punggawa pabrik gêndhis ingkang sami dipun kèndêli cacah 1200. Kèndêlipun wontên ingkang salugu dipun kèndêli, pènsiun utawi wachtgeld.

Manawi ngèngêti cacahing punggawa ingkang dipun kèndêli wontên samantên punika, atêgês taksih kathah sangêt ingkang katut malih, awit têmtunipun ingkang dipun kèndêli wau punggawa pangajêng. Samantên pinanggihing kalamangsa gêndhis botên lêgi.

Kawin Perak. Nyonyah tuwin Tuwan van der Steur ing Magêlang, mêntas mèngêti anggènipun jêjodhoan sampun 25 taun, kathah tamu ingkang sami rawuh. Ugi tampi sêrat saking Sri Maharaja Putri paring wilujêng tuwin paring arta darma f 300.- Para agêng ingkang rawuh ing ngriku Tuwan Guprenur Jawi Têngah, Jendral van Maurick tuwin sanès-sanèsipun.

Mênggah ing Tuwan van der Steur, anggènipun katingal, botên sanès jalaran saking anggèning gadhah ambêg darma, ngopeni dhatêng lare-lare ingkang rêkaos gêsangaipun.

Bêbaya bêna ing Ngayogya. Miturut Palapuran pakaryan rêdi latu, sabibaring bêbaya rêdi Mêrapi, lèpèn Progo isi pasir 14 yuta mètêr kubuk, kakintên botên mbêbayani. Nanging tumrap lèpèn Gèndol, panging lèpèn Opak kakintên ambêbayani, lèpèn wau isi pasir 3.3 yuta mètêr kubuk. Ing bab punika pakaryan wau gadhah pamrayogi, supados kadamêlakên papan panahan pasir kanthi ngawontênakên bêndungan ing distrik Kalasan. Padamêlan punika badhe mawi ngicali dhusun kêkalih, prêlu kangge ngobètakên papan.

Samantên padamêlan ingkang tuwuh jalaran saking bêbaya alam.

Kalawarti Swara Umum. Kalawarti Swara Umum ingkang dipun pandhegani dening Tuwan Sosrokardono, sapunika kasantunan nama "Susuluh Umum".

Pinuji mugi namaning kalawarti wau pinanggiha kadosdene ingkang dipun kajêngakên.

--- 479 ---

Ngêlèh adamêl pêpêtêng. Kawartosakên, ing dhusun Tayam, bawah Bogor, wontên lare jalêr umur 7 taun dipun kèn pados latu dening bapakipun dhatêng griyaning tangga, badhe kangge ngliwêt. Lare wau lajêng dhatêng griyaning tangga, dumadakan sumêrêp ing pawon wontên sêkul dèrèng dipun dhudhuki, tuwin jalaran lare wau saking luwe sangêt, sarêng sumêrêp wontên sêkul, lajêng dipun têdha. Ingriku ingkang gadhah sumêrêp, lare lajêng dipun têkak, pêjah ngênggèn.

Angudubillahi, samantên pêpêtêng manawi anggodha tiyang. Lan sarèhning pêpêtêng wau jalaran saking kêluwèn, dados wajib tiyang anjagi sampun ngantos wontên wêtêng kêluwèn. Polanipun sampun wontên.

Ngadani pangêcapan piyambak. Pakêmpalan kaum bêrah guprêmèn, ingkang dipun sêpuhi Tuwan Suroso, warga Raad Kawula, badhe ngadani yasa pangêcapan piyambak, murih sagêd anyêkapi kabêtahaning pakêmpalan.

Rêrigên makatên punika badhe mikantuki sayêktos, pinuji widadanipun.

Pamulangan Indonesisch Onderwijs. "Instituut Zelfontwikkeling" Surabaya. Ing Surabaya wontên pamulangan ingkang namanipun kados ing nginggil punika. Miturut suraosing sêrat sêbaran, pangajaran ing ngriku sagêd ngajêngakên para murid ingkang rumiyinipun dipun wastani kêndho dhatêng pangajaran, malah sarêng wontên ngriku lajêng majêng. Tumrap lare-lare ingkang sinau ing ngriku, sami anglairakên mênggah ing nyatanipun. Pamulangan wau sampun anggadhahi perangan: Frobelschool, H.I.S., Schakelschool, Mulo tuwin H.C.S. Bayaran Frobel f 150. H.I.S. f 2.50 Mulo tuwin H.B.S. f 6.- ugi nyadhiyani papan pamondhokan kangge lare sajawining kitha, bayaranipun sawulan f 12.50. pakêmpalan wau ngudi murih sagêd ngêdêgakên pang ing sanès-sanès panggenan. Adêging pamulangan wau wontên ing Undhaan kulon gang 2 no. 48 Surabaya.

Tindak punika pinanggihipun nocogi kalihan kawontênaning jaman.

Sêsakit pathèk ing Kulonprogo Ngayogya. Ing mangsa punika ing Kulonprogo ngusum sêsakit pathèk. Nanging jalaran sawêg mangsa kados makatên, sanajan manawi jêjampi namung cêkap waragad sakêdhik, nanging têtiyang awis sagêd nglampahi, jalaran saking kacingkrangan.

Mugi kawontênan kados makatên punika sampun ngantos kalajêng dados jalaran sudaning piyandêlipun tiyang dhatêng dhoktêr, ingkang tuwuh saking sabab kêcingkrangan wau.

Arta ringgitan palsu. Punggawa pabean ing Jambi mêntas sagêd ambêskup arta ringgit palsu cacah 400 iji, asli saking Singapura. Mênggah titikipun, aksara D ing pinggir sami kemawon kalihan O.

Sintên ingkang tampi arta ringgit prayogi ingkang ngatos-atos.

Bêna ladhu ing Ngayogya. Ing lèpèn Batang Ngayogya tuwin kiwa têngênipun margi agêng, mêntas wontên bêna ladhu, sacêlakipun Salam wontên pakampungan pintên-pintên sami kapêndhêm lumpur, kandêling lumpur wontên ingkang ngantos 2 m. Kajawi lumpur ugi katutan sela agêng-agêng. Telepun saking Ngayogya dhatêng Magêlang risak. Wontên margi sêpur ingkang katutup lumpur tuwin sela panjangipun 60 m. Margi sêpur antawising Tèmpèl kalihan Sêmèn wontên ingkang awujud tumpukan sela tuwin pasir, ingkang kandêlipun 1 m. Bab sêsambêtaning lampah kandhêg kintên-kintên saminggu. Krêtêg sêpur lèpèn Batang ambruk. Pinanggihing karisakan dèrèng sagêd maton.

Dhuh dene samantên dhatênging bêbaya ingkang nuju nyarêngi mangsa kados makatên. Wontênipun têka lumintu kemawon.

Kadarman. Kawartosakên, Regentschapsraad Banyuwangi mêntas nêtêpakên rêmbag aparing urunan arta f 1000.- kangge ambiyantu wragad adêging pamulangan P.H.I.S. Mardisiswa ing Banyuwangi.

Punika satunggiling kadarman ingkang badhe dados pangèngêt-èngêt ing salami-laminipun.

Lare ukuman minggat. Kawartosakên ing Malang wontên lare-lare ukuman cacah 17 dipun irit mlampah-mlampah, wusana kasumêrêpan, sami miruda, nanging ingkang 10 wangsul. Dados tumraping lare-lare wau jangkêp anggèning narajang kalêpatan, sakawit sinau gadhah lêpat, wusana minggat, botên beda kados tiyang sêpuh.

Ingriku katingal mênggah angèling anggulawênthah lare.

[Grafik]

EROPA.

Kasangsaran kapal mabur. Kawartosakên, kapal mabur Akron, golongan gadhahanipun wadya lautan Amerika, nalika nuju angêgana uwal saking têtangsulipun, lajêng kumaleyang dhawahn ing siti kêrisakan ing perangan wingking. Ing nginggil punika wujuding gambaripun.

ASIA.

Campuh rame. Wadya Jêpan mêntas campuh kalihan wadya Tiongkok wontên ing watês Mansyurie kalihan Korea. Wontên wadya Jêpan kalih golongan dhatêng ing Mansyurie minangka bêbantu. Ing sapunika wadya Jêpan sampun dados 30.000.

Tiongkok sadhiya badhe nglawan. Wadya Tiongkok sadhiya badhe ambelani Nangking. Bètèng-bètèng sampun dipun êdêgakên saha nyantosani dêdamêl. Wontênipun Tiongkok gadhah sêdya makatên, awit mangrêtos dhatêng galibêtipun Jêpan anggèning badhe nêmpuh kitha wau. Nanging Jêpan cariyosipun botên gadhah sêdya makatên.

--- 480 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

8.

Wontênipun dipun sêkolahakên ngantos têbih, prêlu andandosi putra, murih ing têmbe dados tiyang linangkung, awit putra namung satunggal, sampun dipun tilar ing rama wiwit sangkaning alit, lan malih dhasar Radèn Ayu Prawira wau pancèn wontên, botên eman amragadi putra, malah putranipun wau lajêng dipun pondhokakên ing griyanipun Walandi, milih Walandi ingkang katingal. Pangudangipun Radèn Ayu Prawira, mugi putranipun ing benjing sagêda ngungkuli para kulawarga.

Satamatipun saking pamulangan andhap, dipun lajêngakên dhatêng H.B.S. nanging namung tigang taun. Wontênipun namung dumugi samantên, amargi ibunipun Radèn Sumarta sampun sêpuh, panggalihipun tansah èngêt dhatêng putra ingkang apisah têbih, wusana Radèn Sumarta lajêng kapurih wangsul. Lan jalaran saking suwargi ramanipun Radèn Sumarta wau sugih sanak pawongmitra, mila Radèn Ayu Prawira lajêng pados pitulungan mrênahakên putra, saha kalampahan sagêd cêpêng damêl dados klèrêk kantor asistèn residhèn ing nagarinipun piyambak, tuwin botên lami lajêng minggah dados komis.

Sayêktosipun Radèn Ayu Prawira punika tiyang kina, sugêngipun rêmên prasaja, dêdalêm inggih namung wontên ing pakampungan lêbêt, botên prêlu pados papan anjênggarang ingkang mangku margi agêng. Nanging sarêng putranipun sampun wangsul saha sampun cêpêng damêl dados komis, sangêt ngeman tuwin ngrêksa dhatêng prajaning putranipun, lajêng nyewa griya gêdhong ingkang mangku margi agêng, nunggil kalihan Radèn Sumarta, dalêmipun piyambak dipun tilar.

Sanadyan griya ingkang dipun ênggèni punika agêng, Radèn Ayu Prawira botên wêgah ngisèni rêrêngganipun, namung mituruti punapa kasênênganing putra. Malah Radèn Sumarta nate kêwêdal wicantênipun: sarèhning sampun wiwit alit manggèn têtunggilan kalihan bôngsa Walandi, ing manah botên sênêng, bilih tataning rêrênggan griya botên ngiribi kados griyaning bôngsa Eropah.

Tata ingkang kados makatên punika tumrap ibunipun Radèn Sumarta angraosakên langkung kakên, awit ing saênggèn-ênggèn namung ngangge tatanan Walandi, ngrika-ngriki dipun dèkèki meja kursi, wiwit ngajêng dumugi wingking mawi gagrag Walandi sadaya, môngka mênggahing Radèn Ayu Prawira, rêmên lênggah sila tinimbang kursèn. Lan malih panjênênganipun rêmên sônja-sinanjan, botên pisah gantèn lan pakêcohan. Saya malih bab olah-olah, punika karaos dados kasênênganipun.

Nanging Radèn Sumarta botên pisan-pisan anggatosakên dhatêng kasênênganipun ingkang ibu, ing pundi-pundi sampun dipun kêbaki pot-potan, punapa ingkang andadosakên kasênênganing ibu, malah dipun wancahi. Samôngsa ingkang ibu katamuan, mawi anggêlari babut, lajêng dipun saru makatên: Ibu punika priyantun kampung, tuwin pangraosipun inggih pangraos kampung. Manawi wontên ing pakampungan kenging nindakakên kados makatên, inggih sanadyan jarambahipun dipun gêlarana gêlaran ngantos kêbak pisan, nanging manawi wontên ing kitha botên makatên, awit tamu kula namung para Walandi.

Ibunipun mangsuli: Aku iki yèn linggih ing kursi, gêgêrku pêgêl, lan yèn sikilku gumantung, rasane kêmêng, gèr. Dadi aku dhêmên linggih ing ngisor bae, kapenak.

Punika lêpatipun bôngsa kula tiyang pakampungan, ibu, botên purun ngênut lampahing jaman. Rêmênipun linggih andhêkukul, gêgêripun ngantos mungkuk. Bodhonipun kasangêtên, sasat kados maesa. Saya ing bab anggantèn, hih, kula ngantos jijik.

Wusana ing salajêngipun, Radèn Ayu Prawira lajêng narimah pados papan palênggahan piyambak, milih panggenan wontên sangajênging pawon, dipun rêsiki gumrining, prêlu kangge manggihi tamu. Nanging dangu-dangu Radèn Ayu Prawira saya mêlang-mêlang manawi nyumêrêpi anggèning putranipun gadhah tindak kumalandi punika. Mangangge cara Walandi, botên nate mangangge ikêt sinjang, malah nate cariyos, manawi bêbêdan tuwin ikêt-ikêtan rumaos isin, pakulinanipun inggih namung kalihan Walandi. Manawi ginêman basa Jawi mawi êk, êk, sajak ngucapakên basa ingkang sanès basanipun piyambak.

Dene ingkang sakalangkung adamêl rêntênging panggalih, namung bab anggèning putranipun wau sajak botên nganggêp tiyang dhatêng tiyang ingkang botên sagêd basa Walandi. Sawarnining pasrawungan, tuwin kasusilan Jawi, sangêt anggèning ngrèmèhakên, manawi sumêrêp aksara Jawi, sirahipun lajêng ngêlu, araos kadosdene ênêg. Mila gêsangipun Radèn Sumarta botên nate sêsrawungan kalihan bôngsa piyambak, kajawi namung kalihan ibunipun.

Malah Radèn Sumarta nate kêwêdal ginêmipun, saupami botên ngèngêti ibu, dhatêng nagari wutah rahipun piyambak sampun botên sênêng.

Satunggiling dintên, Radèn Sumarta nuju lèyèh-lèyèh wontên ing kursi malês, ulatipun katingal padhang, nandhakakên manawi nuju dhangan ing manah. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [481] ---

Ôngka 31, 9 Bêsar Je 1862, 16 April 1932, Taun VII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Lampung, Sumatra

[Grafik]

Gambar ingkang katingal pêthak ngandhap: pabrik tampar, ingkang nginggil ragi têbih pabrik pêthi gadhahanipun Tuwan Synja ing Cisaat. Ingkang dèrèng dangu punika dipun dhatêngi ing para murid pamulangan pangadilan luhur ing Batawi. Gambar punika dipun tingali saking gagana.

--- 482 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Tatakrama

VII.

Garèng : Kaya-kaya, Truk, anggonmu nêrangake bab tatakrama tumrape bale omah, wis cêmêngkling bangêt, nganti rasaning pikirku kayadene wong sing karipan ora mêlèk sawêngi, banjur diombèni wedang kopi tubruk, le, mak: pyar. Saiki padha dibanjurake, iya iku ngrêmbug bab tatakrama tumrape: manganggo. Bab kiyi rumasaku kowe karo aku kaya-kaya wis nêtêpi têmênan nyang tatakramane wong manganggo. Wong nèk aku nyawang nyang kowe, Truk, panganggomu: sêpatu kiyèt-kiyèt, clana Amerikan, jas bukak dhasi nglawèr, thik ikête blangkon parangrusak, wèh, saupama irungmu kuwi rada diongoti sêthithik mono, iya wis sausap bae karo: ndara lid polêksrad sing lagi ènèng kophi kamêr (pawedangan). Dene mungguhing aku, wong iya wis rumôngsa nèk rupaku kiyi ora pati ganêp, sanadyan rada kadunungan... luwês lan mêrak ati. Panganggoku sanadyana sêtelan thik bukakan nganggo dhasi kupu mencok, nanging iya mung nganggo pèci lurik bae. Mulane aku iya wis narima diarani kaya: bangsane têngku ing Acih utawa bangsane dhatuk ing tanah Padhang. Ewasamono rak iya wis kêna diarani: ngênggoni tatakramane wong manganggo, ta.

[Grafik]

Petruk : Wah, pancèn iya bênêr bangêt omonganamu kuwi, Kang Garèng. Mula iya nyata, kowe manganggo mêngkono iku iya pancèn sausap bae karo bangsane têngku utawa dhatuk, nanging iya... bature abdine. Kowe kanggonan luwês mêrak ati, kiyi [ki...]

--- 483 ---

[...yi] iya bênêr, nganti sabên uwong sing kok sawang, saka luwês lan mêrak atimu mau, rumasa padha dipleroki kabèh. Mung omongmu yèn rupamu ora ganêp, kiyi sing rada gèsèh, awit nèk andêlêng irungmu, pancèn iya sunthi kaya ondhe-ondhe, nèk andêlêng mripatmu, pancèn iya blalak-blalak sajengkol-jengkol, thik ngalahan manèh, ana apa-apa gêlêm nisih...

Garèng : Si... kak, ana kok banjur anggarap sakrêsanya mêngkono. Ora, Truk, apa salah aku, yèn tak omongake: kowe karo aku kiyi wis anêtêpi mungguh sing diarani: tatakramane wong manganggo.

Petruk : Mungguh panganggomu utawa panganggoku, kuwi pancène iya wis nêtêpi tatakramane wong manganggo, malah kêna diunèkake: rada kêladuk mêthènthèng, hla, saikine mung gumantung saka patrape sing nganggo, apa isih têtêp jênêng anglungguhi tatakramane utawa ora. Nèk banjur gêmbelang-gêmbèlèng, upamane: lumaku bae tangane dilêbokake sak kathok, thik nganggo singsat-singsot, hla, kuwi iya wis ngênggoni tatakramane Walônda... ning iya Walônda kampungan, alias Walônda sêmprul, têgêse Walônda, sing nalika sinyone mung olèh pangajaran: mangan rujak utawa nyolong pakèl.

Garèng : Wiyah, ambok aja sok dhêmên mêmoyok mêngkono. Luwih bêcik caritakna bae, panganggo sing wis jênêng nglungguhi tatakramane kuwi.

Petruk : Lo, kuwi sabênêre ora prêlu gagah-gagahan, ora prêlu brêgas-brêgasan, sanadyan barès kurès, anggêre rêsik tur pantês diênggo wis cukup. Poma dèn poma aja manganggo sing kira-kira bisa nuwuhake dosaning liyan.

Garèng : Wah, hla sêtakêng (mogok) pikiranaku, ana wong manganggo kok bisa agawe dosaning liyan. Kajaba ta, yèn banjur manganggo mainan arloji Bagong upamane, banjur disêlêr utawa disêbrot wong liya, hla, iki iya nyata nuwuhake dosa wong liya, sabab iya saka anggone nyêbrot mau.

Petruk : Lo, kiyi wis gênah, Kang Garèng, wong iya pancèn nyolong. Sing tak arani bisa nuwuhake dosaning liyan, kuwi sabênêre tindak sing sapele bangêt, upamane bae mêngkene: wayah jam 12 panase anjêplak, manganggo: jas irêng, rompi, kêmeja, thik ora lali jas hujane, lo, kiyi sauwonga bae sing kêtêmu, rak iya banjur mèsêm sarta ambatin mêngkene: Iki uwong apa lagi kêmaruk, apa lagi kadhêmên cikbèn bisa kringêtên, ingatase panase anjêplak mêngkene, anggone nganggo-anggo kathik diêsap-êsap nganti pirang-pirang mêngkono. Hara, apa kiyi jênêngane ora mung arêp gawe dosaning liyan bae, awit wong liya sing wêruh mau, banjur kapêksa angèsêmi lan anggêguyu, utawa manèh upamane: macake pancèn iya wis dhinês, dilalah brêngose sing sasisih lagi iktidal, anggêjêjêr madhêp mandhuwur, sasisihe manèh jêbul lagi rukuk, madhêp mangisor...

--- 484 ---

Garèng : Hara ta, ana brêngos têka mèlu digawa-gawa, iki rak kalêbu perangane badan, dadi ora kêna disèlèhake, kajaba, ta, nèk brêngosing Minakjingga, alias brêngos templekan.

Petruk : Bênêr, yèn brêngos kuwi ora kalêbu ing panganggo, nanging patrape nganggo brêngos kuwi rak iya kalêbu tatakramane wong manganggo. Dadi iya ora mung panganggo bae sing kudu ditata, kaanane badane iya kudu ditata, kaya ta: brêngose aja nganti mèncèng sisih, raine aja clerang-clerong, ilêr anjèthèt aja mung diêtogna bae, mangkono sapiturute. Cêkake aja nganti ana apa-apane, sing andadèkake wong liya sing kêtêmu padha anggêguyu, mêmoyok lan sapadhane. Mulane ing jaman biyèn ana nabi sing dadi panutane wong sajagad, kuwi nèk lagi tindak-tindak banjur kapêthukan uwong, sadurunge kapêthukan ngilo dhisik. Lo, kuwi ora sabab saka bêsuse, nanging arêp anjaga aja nganti anggone agêm-agêm mau dadi jalaran dosaning liyan. Wis, wis, Kang Garèng, rêmbugane samene bae dhisik.

Bogor

[Grafik]

Sawangan ing Batu Tulis, Bogor.

--- 485 ---

Nagari Ngamônca

Pasulayan Jêpan kalihan Tiongkok

Miturut pawartos ingkang sampun-sampun, sanadyan pawartos padhamèn tansah lumintu, nanging pinanggihipun tanpa wasana, awit mênggah caraning sade tinumbas, tansah êntol-êntolan rêgi, dèrèng sami cocog. Tiongkok gadhah panêdha makatên, Jêpan dèrèng nayogyani, pêpetanganipun taksih tuna, dangu-dangu malah Jêpan katingal saya mlangkring, cêkakipun pangajêng-ajêng bab rukun, taksih tangèh. Nanging pawartos ingkang kados makatên punika, ugi wontên ingkang gadhah pamanggih dèrèng kenging dipun ugêmi, awit kathah pawartos ingkang pinanggihipun botên nyata, têgêsipun pawartos nisih, ingkang anggadhahi raos ngrencangi.

[Grafik]

Nyantosani dununging wadyabala Jêpan ing Syanghai.

Wontên bab ingkang tansah dados rêraosan, inggih punika tumrap golongan Tiongkok anggènipun tansah agrêjêgan sami bôngsa wontên ing salêbêtipun môngsa punika. Kados ta kawontênaning wadyanipun Syang Kai Sèk, golongan 47 tuwin 48, sami pasulayan rêmbag ing bab pambagening arta ingkang dipun kalêmpakakên dening bôngsa Tionghwa. Saya dangu malah saya katingal anggèning grêjêgan, ngantos badhe dados pasulayan. Nanging sandyan wontên pasulayan rêmbag kados makatên, tumraping golongan sanès inggih têtêp anggèning nyantosani barisan. Kados ta Marsêkalêk [Marsê...]

--- 486 ---

[...kalêk] Syang Suh Lyang, ingkang mandhegani wadya manasuka ing sajawining tembok kitha, anêdha kintunan dêdamêl tuwin obat mimis, malah lajêng rêrêmbagan kalihan bang Amerika supados nyambuti arta kangge waragad pêrang. Bab punika kenging kangge titik, bilih ing ngriku tansah ngawontênakên pambudidaya lajênging tindak pêrangan.

[Grafik]

Margi agêng ing pakampuangan Tionghwa ing Syanghai, karembak kangge papan paprangan.

Manawi dipun manah makatên, papan paprangan ing Tiongkok punika wontên pintên-pintên panggenan, kados ta ing Mansuriah tuwin Syanghai, ingkang kalih pisan wau mêngku laladan kêbak papan paprangan, mila dhatênging pawartos inggih byuk-byukan. Mênggah kawontênanipun kenging dipun wastani tanpa mêndha, pasulayanipun wadya Jêpan tuwin Tiongkok wontên ing watês Mansuriah kalihan Koreah ngawontênakên pêpêjah kathah, nanging ingkang kawartosakên kathah tumrap ing golongan Tionghwa, tumrapipun Jêpan botên sapintêna. Tamtunipun pawartos ingkang kados makatên punika lajêng nuwuhakên pangintên botên nyatanipun, punapa dupèh Jêpan pêng-pêngan prajurit tuwin dêdamêlipun, lajêng namung sakêdhik ingkang tiwas. Nanging manawi mirid dhatêng agênging wadya Jêpan bêbantu enggal, ingkang ngantos 30.000, sagêd ugi wontêning bêbantu enggal wau, gêgayutan kalihan sudaning wadya ing papan paprangan. Dene tumrapipun ing Syanghai, ngantos sapriki, ing bab badhe unduring wadya Jêpan, namung mandhêg pawartos kemawon, lan malih Jêpan tansah angêncêngi, botên nêdya ngewahi watêsing paprangan, purunipun angunduri manawi sampun têtela tanpa kasamaran. Tamtunipun Tiongkok ugi botên tilar kaprayitnan, inggih tansah ngugêmi, botên narimahakên manawi Jêpan gadhah tindak kados makatên.

Kados ingkang sampun kawartosakên, ing Sapèi wontên paprentahan mardika ingkang kakintên saking pandamêlipun Jêpan, malah ing sapunika pangagênging praja kêncêng anggènipun gadhah pandakwa makatên, mila lajêng dhawuh nyêpêngi dhatêng bôngsa Tionghwa ingkang sami dados awak-awaking paprentahan wau, nanging pangagêng Jêpan sangêt anggènipun andorakakên.

Malah ing sapunika Tiongkok saya nyantosani wadya, awit galibêtipun Jêpan badhe nêmpuh Nanking. Samantên pinanggihing kaprayitnan ing paprangan.

--- 487 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Kawontênan ing Bopên Dhigul

Sambêtipun Kajawèn nomêr 30.

Sêsrawugan kalihan tiyang Papuah.

Bibit kawitipun sêsrawungan kalihan tiyang Papuah punika makatên: tiyang Papuah sawatawis sami dhatêng ing barak ambêkta barang warni-warni, kados ta: pêksi jaka tuwa, nori, bayan ijêm, bayan abrit, wulu pêksi dewata, pêksi kasuwari saha wulu pawêdaling wana ngriku, tuwin têtanêman ingkang dipun tanêm. Bêbêktanipun punika lajêng dipun brukakên sadaya dhatêng têtiyang bucalan. Têtiyang bucalan sami anyukani barang warni-warni, kados ta: pangilon, rèk, sês, sata, lading, rasukan saha kathok. Ing wêkdal punika dèrèng mangrêtos caranipun tiyang anglintokakên. Dados ngawis lêlintunipun punika dèrèng mangrêtos.

Ing sarèhning pambagenipun barang-barang lintonan punika èwêd sangêt, amila sok sintêna ingkang cêlak kalihan dhatênging Kaya-kaya (têtiyang Dhigul manawi mastani tiyang Papuah) inggih sagêd mêndhêt ingkang dipun rêmêni. Sampun tamtu ingkang dhatêng kantun inggih botên angsal bagean punapa-punapa.

Dene tiyang ingkang dhatêngipun kantun, ingkang botên angsal punapa-punapa, ing samôngsa-môngsa wontên Kaya-kaya dhatêng, badhe ngrumiyini anglintoni. Lan ingkang gadhah sêdya makatên punika kathah.

Anuju satunggiling dintên wontên Kaya-kaya dhatêng malih malah ragi kathah manawi katimbang kalihan ingkang dhatêng sapisanan. Ing ngriku punika lajêng sami rêbatan awis-awisan, upaminipun tiyang ingkang kapengin pêksi kasuwari lajêng ngacungakên rèk kalihan sês. Dèrèng ngantos kalintonan sanèsipun sampun ngacungi lading kalihan pangilon. Tindak ingkang kados makatên punika andadosakên ribêding manahipun tiyang Kaya-kaya. Ing wêkdal punika pancèn inggih bingung saèstu, ananging dangu-dangu lajêng mangrêtos caranipun lêlintonan. Inggih punika ing samangke manawi tiyang Kaya-kaya ambêkta punapa-punapa, barang lêlintonan sampun kawastanan pisan, inggih punika: pêksi nori nêdha kalintonan parang (bêndho) utawi kampak, pêksi sanès-sanèsipun ugi nêdha kalintonan makatên, pondhoh nibung nêdha kalintonan rèk utawi sês, sapanunggilanipun.

Ing wêkdal punika sêsrawunganipun têtiyang bucalan kalihan têtiyang Kaya-kaya têntrêm botên wontên rubedanipun.

Ing sarèhning manusa punika tinitah ewah gingsir saha kawontênanipun botên sagêd langgêng, amila inggih botên anèh manawi golonganing têtiyang bucalan wontên ingkang ngapusi utawi nganiaya dhatêng tiyang Kaya-kaya. Ewahing sêsrawunganipun têtiyang bucalan kalihan têtiyang Kaya-kaya kados ing ngandhap punika.

1. Satunggiling tiyang bucalan kapanggih kalihan tiyang Kaya-kaya ambêkta pêksi jaka tuwa. Tiyang bucalan [bu...]

--- 488 ---

[...calan] wau nêdha pêksinipun tiyang Kaya-kaya badhe kalintonan kampak. Sarêng pêksi sampun kacêpêng, tiyang bucalan wau lajêng ambêngok: huruhara (huruhara punika têgêsipun saradhadhu, sanèsipun huruhara kangge ngajrih-ajrihi têtiyang Kaya-kaya, inggih punika tuwan, têgêsipun sami kemawon kalihan huruhara). Ing wêkdal punika têtiyang Kaya-kaya pancèn ajrih saèstu kalihan saradhadhu, amila botên angèngêti dhatêng pêksinipun lajêng lumajêng mlêbêt ing wana andhêlik. Wontên ing pandhêlikan ngriku kalihan milang-miling saha anyatakakên punapa saèstu wontên saradhadhu. Sarêng têtela botên wontên lajêng mêdal saking wana murugi dhatêng panggenan ing nalikaning pêksinipun badhe kalintonan dening tiyang bucalan wau. Ananging sarêng dumugi panggenan wau, tiyangipun bucalan sampun botên wontên. Inggih kados makatên punika sagêdipun têtiyang Kaya-kaya gêntos sami ngapusi dhatêng têtiyang bucalan.

[Grafik]

Têtiyang Kaya-kaya nuju kêkêmpalan.

Têtiyang Kaya-kaya ingkang kapusan punika lajêng nyariyosakên lêlampahanipun dhatêng bangsanipun. Mênggah caranipun ngapusi makatên: Kaya-kaya punika purun madosakên kajêng, ananging nyambut kampak, kampak sarêng sampun kasukakakên lajêng kesah botên wangsul-wangsul. Purun ing têmbe ambêktakakên pêksi ingkang dipun kajêngakên, ananging nêdha lintunipun rumiyin.

2. Wontên Kaya-kaya dhatêng ing kampung nêdya badhe nglintokakên pêksinipun dhatêng salah satunggiling tiyang bucalan, sadhatêngipun ing ngriku dipun pêksa kemawon kalihan tiyang bucalan ingkang dipun dhatêngi badhe kalintonan lading kalihan sata Jawi. Ing sarèhning ingkang dipun kajêngakên dening Kaya-kaya punika kampak, dados inggih kêkah botên angsal. Sanadyana kêkah botên angsal mêksa [mê...]

--- 489 ---

[...ksa] kaulungakên, awit sarana dipun pisakit. Kaya-kaya punika lajêng dhatêng wana cariyos kalihan mitra-mitranipun. Kônca-kancanipun lajêng sami samêkta sadêdamêlipun anêdya malês ukum. Pamalêsipun ukum botên murugi dhatêng panggenan ing suwaunipun, ananging angadhang wontên ing margi antawisipun kampung: E kalihan kampung F. Kasumêrêpanipun manawi nyêgat wontên ing margi punika, awit wontên salah satunggiling tiyang bucalan langkung ing ngriku lajêng dipun athungi jêmparing, ananging dipun pênggak dening Kaya-kaya ingkang dipun pisakit. Awit punika sanès tiyang ingkang misakit piyambakipun. Ancaman badhe malês sakit dhatêng tiyang bucalan punika botên kadadosan, awit pulisi panjagi katêntrêman lajêng angaturi priksa dhatêng pangagênging paprentahan ing Tanah Merah (Dhigul), botên antawis dangu lajêng wontên saradhadhu dhatêng angurak Kaya-kaya ingkang sêdya malês ukum.

Kadadosan ingkang kasêbut ing nginggil punika, manawi kamanah sacleretan tamtu awon sangêt tindakipun têtiyang bucalan ingkang sami anindakakên punika. Saenipun têtiyang Kaya-kaya punika lajêng wêwah sêsêrêpanipun, awit ing saupami kapituturana kadosdene guru mulang dhatêng muridipun tamtu botên sagêd tumônja. Badhe kasambêtan.

Kawruh Sawatawis

Bab Bêksan Nayuban Tumrap para Luhur

Bêksan nayuban punika lugunipun mila pancèn kalêbêt tatacara sae tumrap tiyang pribumi, wiwit kina-makina mila wontênipun, binasakakên paèsing kawiryan Jawi. Bêksan nayuban botên ngêmungakên tumrap ing golongan ngandhap tuwin golongan têngahan kemawon, dalah para priyantun agêng punapadene bôngsa luhur pisan, kala rumiyin maratah inggih kaparêng nyarirani lêlangên bêksan nayuban utawi bêksa wirèng, mantunipun bêksan nayub kagêm para luhur, sakawitipun sarêng sampun tumindak jaman kamajêngan dumugi samangke punika, para priyantun agêng kantun wontên satunggal kalih ingkang lêlangên bêksa nayuban, tur namung kadhingkala sangêt wontênipun. Dene wontên nayuban ingkang dipun wastani awon, punika nuju-nuju tamunipun ngriku wontên ingkang kêlacutên anggèning ngêsok kabihan,kabingahan. katambahan kêladuk panginumipun arak utawi sajêng.

Ing jaman sèkêtan taun minggah, tamu-tamu bêksan nayub ing pajagongan gadhah damêl, punika racak-racak limrahipun ingkang sampun ngumur 40 taun minggah, para neneman sadèrèngipun ngumur kawan dasanan taun, taksih awis ingkang purun malêbêt kalangan tumut nayuban, mila pinanggihing tatanan inggih ajêg sae, nêtêpi jarwadhosokipun: tayub = tata nanging guyub, awis sangêt [sa...]

--- 490 ---

[...ngêt] bibrah tatanipun ingkang jalaran saking sumuking alkohol utawi nalar sanès-sanèsipun, mantuk kalihan ingkang dipun sêdyakakên, sambèn lêlangên utawi among sênêng sakaparêngipun.

Wasana sarêng ngancik ing jaman kamajêngan, tumindaking bêksan nayuban lajêng prasasat kinosokwangsul balêjêd, tamu ingkang sampun langkah 40 taun sêpuhipun, sampun botên purun bêksa nayuban, rumaos bilih sampun lungse dhatêng kabingahan ingatasipun bêksan, kuwatos dipun ewani ingkang botên rêmên winastan botên nyêbut, nanging bêksan nayuban lajêng santun para neneman, kêlimrah sami rêmên ngêtog kaberagan, sabên sampun wanci ngajêngakên têngah dalu, tatanipun wiwit bibrah, ical sipating nayub kantun ubyung-ubyungan, panginumipun arak sangsaya tansah sêntoran, trêkadhang lajêng dados wuru gampil pados dhadhakaning pasulayan, botên liya inggih amung jalaran kêkathahên sêngak-sêngakan punika wau. Nayuban kaum kina tamu-tamu sami bikak rasukan, nanging sarêng jaman kamajêngan botên, gandhèng kalihan bab panjagi kasarasan, botên prayogi ing wanci dalu lukar rasukan angliga sarira, mila bêksan nayuban inggih lêstantun taksih mawi rasukan sadaya, kaprigêlanipun bêksa sampun botên katingal wijang pundi ingkang wasis, pundi ingkang botên sami kemawon.

[Grafik]

Sinau bêksa Priyangan.

Lajêng wiwit sapunika kathah pakêmpalan: marsudi bêksa ingkang dipun adani para kaum mudha, ugi tumrap bêksa nayuban, kajawi sinau pathokan bêksa, miwah dipun wontêni tatanan botên kenging gêpok senggol kalihan ringgitipun, murih botên ngicalakên kasusilan utawi

--- 491 ---

kusud dhatêng sêsawangan, makatên sapiturutipun, lah punika bêksan nayuban lajêng sampun kathah ingkang katingal sae, wangsul kados kala nayuban ing jaman kina.

Mangsuli bab bêksan nayuban para luhur. Jaman kawan dasanan taun mrika, kêlampah sangêt para luhur sami kaparêng lêlangên bêksa nayub. Tumrap ing Surakarta, pungkasan rikala suwargi Kangjêng Gusti Prabu Wijaya kagungan damêl mantu, kajawi pasamuan sanèsipun, ugi mawi pasamuan bêksa nayuban ingkang para luhur mligi, para pangeran ing karaton saha Mangkunagaran, ingkang murwani bêksa Kangjêng Gusti Prabu Wijaya, ingkang larih kalih, tabe-tabe Ingkang Sinuhun kaping X punika taksih jumênêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, saha suwargi Kangjêng Gusti Mangkunagara V, salajêngipun gêntos-gêntos bêksa para pangeran sêpuh anèm. Tatanan bêksa nayub kagêm para luhur punika makatên: sanadyan palênggahanipun kursèn, nanging ing têngah papan ingkang kagêm bêksan, dipun gêlari babut pramadani blêg, makatên malih samôngsa bêksanipun wau nuju dhawah gong, wêkdal kèndêl badhe nyêlani ngunjuk, lênggahipun ingkang bêksa saha ingkang larih: lèsèhan ing babud têngah lêrês, dene tamu sadaya ugi mandhap saking kursi, kajawi ingkang luhur piyambak punika botên tumut mandhap, nuntên lumados pangunjukan warni-warni sumaos ingkang bêksa saha larih, ingkang angladosakên pangunjukan wau para bandara sinêling abdi dalêm panèwu utawi mantri. Sasampuning ngunjuk sakaparêngipun nuntên anglajêngakên bêksanipun utawi santun gêndhing, makatên ugi sadaya tamu, lênggahipun wangsul ing kursi malih, salajêngipun wongsal-wangsul makatên. Ringgitipun wontên 4-5-6 sêsarêngan, nanging manggènipun ragi nêbih saking papan kangge bêksa, namung sabên dhawah gong, ringgit nyêlak ngarsanipun ingkang bêksa, andhodhok sarwi ngaras (nyêmbah) makatên wongsal-wangsul ngantos dumugi suwuking bêksa. Wondene ingkang kêplok, surak, punapadene anggerongi, dipun wontêni piyambak manggèn nunggil gôngsa.

Sapêngkêripun nayuban ingkang kacariyos nginggil wau, lajêng sapriki sampun langkung kawan dasa taun laminipun, ing Surakarta (Kasunanan ugi ing Mangkunagaran) sampun botên nate wontên pasamuan bêksan nayuban ingkang mligi kagêm para luhur, namung tumrap priyantun agêng ingkang taksih asring wontên, nanging awis-awis sangêt saha namung satunggal kalih ingkang kaparêng, dene ingkang taksih lêstantun anggêbyah kathah, ngêmungakên ing golongan priyantun, para bandara mangandhap dumugi kawula alit ing pakampungan tuwin padhusunan. Wêwahing katêrangan kasêbut nginggil wau kula mastani bilih lêlangên bêksan nayuban punika lugunipun mila pancèn sae, dene kadhingkala wontên ingkang botên sae, punika saking tatananipun ingkang murugakên awon. Makatên malih, pasamuan lêlangên nayuban punika bilih tumrap gadhah damêl, mapanipun yêktos namung yèn kangge gadhah damêl mantu ingkang pangantèn têrasan (jaka rara) bilih tumrap kaprêluan sanèsipun mantu, ing pangraos kirang srêg, dhatêng sêsawangan raosipun inggih cêmplang, kajawi kagêm para luhur, punika katingalipun namung sarwa pèni sarwa ngrêsêpakên thok. Wasana namung môngsaborong.

P.K. 585.

--- 492 ---

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

Pamanggihipun Tuwan Dr. Th. Metz.

Bangsa Jerman ingkang namanipun kacêtha inginggil, punika sampun nate mulang wontên ing pamulangan luhur pangadilan ing Bêtawi tuwin ing pamulangan luhur patukangan ing Bandung. Jalaran saking punika tuwan wau botên lajêng ngêmungakên anyumêrêpi kawontênanipun pamulangan luhur ing tanah Indonesia ngriki, nanging malah anyumêrêpi kawontênanipun pamulangan umumipun. Ing wusana tuwan wau lajêng anglahirakên pamanggihipun ing bab wontênipun bangsa Indonesia ing sêkolahan wontên ing salah satunggaling ariwarti Jerman, inggih punika ing ariwarti "Frankfurter Zeitung".

Ing sakawit tuwan Dr. Metz ngandharakên babadipun pamulangan ing tanah ngriki, ingkang miturut cariyosipun sawêg dipun wiwiti ing kala taun 1900. Ewasamantên ing salêbêtipun 25 taun kemawon kamajênganipun sampun ngedap-edap sangêt; ingatasipun kala taun 1905 kathahing para murid ing saindênging tanah ngriku namung wontên 120.000, ing salêbêtipun 25 taun wau, sampun wêwah-wêwah ngantos cacahipun kirang langkung wontên 1.800.000.- Ing salajêngipun tuwan doktêr wau angandharakên mênggahing kawêkêlanipun para murid bangsa Indonesia, makatên ugi mênggahing kasagêdan punapadene saening kalakuanipun, punika botên langka kemawon ingkang angungkuli dhatêng kanca-kancanipun murid anak putunipun bangsa Walandi. Nanging... lo, kok wontên nangingipun, pangalêmbananipun Tuwan Dr. Metz wau, wontên isinipun ingkang ngumbulakên lan ingkang angêntêbakên. Awit ingriku kacariyosakên, bilih kalantipan lan kasagêdanipun para murid bangsa Indonesia punika kenging kasamèkakên pêksi beo upaminipun. Têgêsipun: sadaya kalantipan utawi kasagêdanipun wau namung awujud apal-apalan kemawon, dados botên lumêbêt dhatêng manah sayêktos. Amila lajêng ngawontênakên pêrcoba'an ngêdêgakên pamulangan-pamulangan ingkang nyara wetanan sayêktos, ingkang angsal-angsalanipun miturut cariyosipun Dr. Metz wau mila andêmênakakên sangêt.

Tumrap bangsa kula Jawi mugi-mugi sampun pisan rêngu ing panggalih, dene lajêng dipun samèkakên kalihan pêksi beo, dupèh kanthi lahir batos ngudi dhatêng kamajêngan kilenan. Kosokwangsulipun: mugi katampia kadosdene satunggiling piwulang, bilih: "East is East, West is West, and never the twain sall meet", têgêsipun: wetan punika inggih wetan kemawon, kilèn inggih kilèn kemawon lan kalih-kalihipun botên badhe sagêd sêsarêngan. Dados tiyang punika manawi sampun sapisan kacithak dados satunggiling tiyang wetanan, sanadyan ngudia dhatêng kilenan ingkang ngantos muluk lan mêncit sangêt, nanging inggih mêksa botên badhe sagêd nilar babar pisan dhatêng kawetananipun. Amila mênggahing kula têtiyang Jawi sami ngudi dhatêng "Blandain" punika ambok inggih ngêmungna ngudi dhatêng mênapa-mênapanipun ingkang mathuk kalihan kawetananipun kemawon, nanging sampun pisan-pisan lajêng badhe nilar babar pisan dhatêng gadhahanipun piyambak ingkang pancèn utami. Punapa botên lingsêm, bilih ing mangke lajêng dados wêwadananipun para waranggana manawi sêsênggakan "ulêr kambang", ingkang makatên punika: Cina dudu, Landa dudu, yaiku... yangko-yangko.

Mangga samangke sami anglajêngakên pamanggihipun Tuwan Dr. Metz kasbut nginggil. Pamanggihipun ing bab kamajênganing pamulangan-pamulangan tumrap bangsa Indonesia ingkang mawi dhêdhasar wetanan, kados ingriki botên prêlu kacariyosakên. Awit para maos têmtunipun sampun sami anêksèni piyambak mênggahing kasaenanipun. Nyatanipun pancèn inggih anêngsêmakên sayêktos. Manawi nitik tandang tandukipun para murid ingkang angsal pangajaran ing pamulangan, ingkang adhêdhasar wetanan wau, pancèn inggih cêtha sami ngatingalakên, bilih bangsa wetanan sayêktos, nanging manawi prêlu, inggih sagêd migunakakên: cas, cisipun.

Dene ingkang prêlu badhe kula cariyosakên wontên ingriki ing bab pamanggihipun Tuwan Dr. Metz mênggah kawontênanipun pakaryan Bale Pustaka, kirang langkung kados ingandhap punika: Mênggah ingkang anggadhahi pamêdal sae, inggih punika pakaryan ingkang dipun tindakakên dening têtiyang siti asêsarêngan kalihan bangsa Europa, kados ta upaminipun ing pakaryan Bale Pustaka.

Pakaryan punika ing sakawit dipun tata dening gupêrmèn, lan ing sapunika pakaryan wau kalêbêt pakaryan makatên ingkang agêng piyambak ing saindêngipun tanah Asia sisih wetan. Dumuginipun sapunika Bale Pustaka sampun sagêd maragadi piyambak.

Pakaryan Bale Pustaka punika satunggiling pakaryan ingkang sadaya dipun tindakakên dening têtiyang siti, wiwit ngêcap, anggambar, ngarang ngantos dumugi panyadenipun, kanthi pitulungan saking taman pustaka ing pundi-pundi tuwin sanès-sanèsipun. Wohipun ngantos katingal dumugi ing dhusun-ngadhusun.

Nanging pamêdal ingkang kapratelakakên wau sadaya botên badhe kacêpêng, manawi botên kanthi Walandi kêkalih ingkang mangagêngi pakaryan wau, awit tumrap mangagêngi pakaryan ingkang kados makatên

--- 493 ---

punika, prêlu kanthi kasagêdan tuwin kawêkêlan ingkang awis sangatsangêt. pinanggih ing têtiyang siti."

Makatên pamanggihipun Tuwan Dr. Metz mênggahing kawontênanipun pakaryan Bale Pustaka. Tumrap tiyang ingkang taksih nyupêt budinipun, manawi maos andharanipun tuwan doktêr wau, mêsthi bingah nanging inggih kanthi ngontog-ontoging manah. Awit lajêng rumaos ing sakawit dipun umbulakên, nanging wusananipun lajêng dipun êntêbakên sasayahipun. Langkung malih tumrap para kurawa Bale Pustaka piyambak, wiwitipun mêsthi lajêng mèsêm-mèsêm tuwin nyringis-nyringis dene rumaos angsal pangalêmbana, nanging ing pungkasanipun inggih lajêng kêmba, jalaran dipun wastani, bilih botên badhe samantên kamajênganipun Bale Pustaka, manawi botên wontên Walandi kalih ingkang mangagêngi ing kantor ngriku. Awit tumpraping têtiyang siti taksih langka sangêt ingkang anggadhahi kasagêdan tuwin kawêkêlan ingkang samantên jêmbaripun.

Nanging mênggahing kula ungêl-ungêlan ingkang makatên punika, kula anggêp jamak limrah. Pancèn inggih sampun makatên kawontênanipun wontên ing donya punika. Ingkang kêtêkuk ringkêl, ingkang nyambutdamêl sêtêngah klêngêr, punika salaminipun inggih para tiyang ngandhap, nanging ingkang angsal nama arum tuwin angsal pangalêmbana limrahipun inggih ingkang dados pangagêng.

Tumrap pakaryan Bale Pustaka pancènipun sampun nama lumayan sangêt, dene para bêgêjilipun sami angsal pangalêmbana. Awit limrahipun, ingkang nindakakên pandamêlanipun tuwin ingkang adus kringêt, punika botên katingal babar pisan, nanging ngêmungakên ingkang dados pangajêng ingkang lajêng angsal nama arum, ngantos botên langka kemawon lajêng ginanjar bintang barang. Kosokwangsulipun: manawi angsal-angsalanipun satunggiling pakaryan botên mikantuki, sintên ingkang angsal nama ibaratipun ngantos rêsik pêcêrèn? Botên liya inggih ingkang dados pangajêng.

Dados wontên ingalam-donya punika sampun nama limrah, bilih tumrap satunggiling pakaryan utawi satunggiling ada-ada, umumipun ingkang angsal pangalêmbana utawi panyeda, inggih namung ingkang dados pangajêngipun.

Kados ta: satunggiling wêdana utawi assistent-wêdana, ingkang kêdah ngupados katêrangan ing bab durjana koyok, punika mbokmanawi ingkang blusukan, ingkang this-thisan, cêkakipun ingkang satêngah pêjah ngupados urusan, namung mas upas tuwin mas lurah saprabotipun kemawon, dene ndara wêdana utawi ndara assistenipun kadhangkala anggènipun ngupados katêrangan namung sinambi pèi. Ewasamantên manawi ing têmbe pun durjana koyok wau sagêd kacêpêng, ingkang dipun êpuk-êpuk lan dipun êlus-êlus dening para pangagêng ingkang langkung inggil malih, inggih pun ndara wêdana utawi ndara assistent wau. Kosokwangsulipun: manawi botên angsal urusan babar pisan, sanadyan salêrêsipun kala ngupados katêrangan wau tanpa angsal pitulungan saking para bawahipun, botên wande ingkang nampi ganjaran "ongeschikt" inggih pun ndara wêdana utawi assistent wau.

Makatên ugi tumraping prajurit, punika ingkang katingal tumindak rêkaos saèstu inggih pa' sura, pa' kopral tuwin mas sarean, dene tuwan litnan, tuwan kaptin, punapa malih tuwan jendral, katingalipun inggih namung ngadhêp meja ningali gambar, kalihan ngabani: "hup sakodhur" lan sasaminipun kemawon, ewasamantên manawi tumindakipun para prajurit wau angsal damêl, ingkang pikantuk nami inggih ingkang dados pangagêng. Kosokwangsulipun: manawi para prajurit wau kenging katumpês ing mêngsah upaminipun, ingkang angsal panyeda inggih ingkang dados pangagêngipun.

Badhe kêkathahên saupami kula mêndhêt tuladan sanès-sanèsipun malih. Cêkak aos, kados sampun mila kêlimrah sangêt, bilih satunggiling pakaryan utawi satunggiling ada-ada punika sae utawi awoning angsal-angsalanipun ingkang mêsthi pikantuk pangalêmbana utawi panyeda inggih ingkang dados pangajêngipun. Awit kêdah angèngêtana, bilih widada tuwin pêjahing pakaryan punika limrahipun inggih gumantung dhatêng ingkang dados pangajêngipun.

Ngêmungakên ing bab satunggal ingkang kula botên rêmên sangêt, dhatêng tindaking pangagêng utawi pangajênging pakaryan, inggih punika pangagêng ingkang sok purun ngakahi sadaya padamêlaning para bawahipun utawi para têtêpanganipun, prêlunipun botên sanès namung kêpengin dipun wastanana tiyang pintêr lan gêmblengan. Upaminipun kemawon makatên:

Satunggiling kapala juru pangripta ariwarti kêpengin sangêt tumuntên enggala kaloka namanipun dados jurnalis. Salajêngipun nuntên minta sraya dhatêng tiyang sanès supados andamêlakên wawasan utawi karangan-karangan ingkang wigatos, ingkang wusananipun lajêng kapacak ing ariwartinipun kanthi dipun tandatangani kêpala juru pangripta wau. Utawi malih kengkenan têtêpanganipun bangsa ahli kapurih nganggitakên buku, upaminipun kemawon ing bab kajurnalistikan, saha sarêng dipun cithak, namanipun ingkang baku nganggit buku wau, botên wontên, ingkang katingal mêntèrèng wontên ingriku namung namanipun kêpala juru pangripta ariwarti kasbut nginggil. La, inggih cara ingkang makatên punika ingkang kenging dipun wastani: "Pronken met andermans veeren", alias: "Pêtentengan nganggo sandhangane wong liya". Wontên ing mripat kula, awoning watêkipun tiyang ingkang makatên punika, kados sami kemawon kalihan satunggiling juru pangripta, ingkang badhe ngêdalakên kalawarti piyambak upaminipun, nanging sadèrèng-dèrèngipun ngungkat-ungkat lan nguthik-uthik rumiyin dhatêng kalawarti-kalawarti ingkang sampun wontên. Tiyang ingkang makatên punika nama: drêngki wijaya sarta dede sobatipun pun PÊNTHUL.

--- 494 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS

TANAH NGRIKI

Toko "Pakaryan". Ing Ngayogya wontên bikakan toko tiyang siti ingkang dipun tuntun dening Ir. Surachman, nama "Pakaryan".

Sanadyan ing pawartos punika botên kapratelakakên panjang, inggih sampun katingal bilih sadaya sarwa tiyang siti. Mugi widadaa.

[Grafik]

Kapal pêrang Jêpan. Ing Tanjungpriok mêntas kadhatêngan kapal pêrang Jêpan kêkalih, kapal Iwate, 2 kapal Asama. Inginggil punika gambaripun kapal Iwate, gambar bundêr inginggil ingkang kiwa Kapitein Shunicha Okada, ingkang têngên Vice Admiral Nobiyiro Imamura.

Ajrih ing pawartos. Ing pêkên Bandungan, Watês, nuju pêkênan botên wontên bakul ingkang sami botên dhatêng, jalaran ajrih wontên pawartos, bilih ing margi wontên begal ngantos 1000, malah badhe nêmpuh pêkên. Mênggah lêrêsing wartos, ing Kulonprogo mêntas wontên tiyang cacah atusan kaangkatakên dhatêng Lampung. Sumêbaring wartos lajêng kados makatên.

Punika cocog kados ujaring bêbasan undhaking wartos sudaning titipan. Dene jalaranipun botên sanès namung kirang têntrêming nagari. Mila namung ingkang wajib, ingkang kêdah nguningani bab punika.

Congres tênun. Benjing wulan Augustus saking ada-adanipun Tuwan Purwowiyoto ing Ponorogo badhe ngawontênakên congres tênun. Ngrêmbag bab andamêl jantra sapandamêling lawenipun, angarang damêl mêsin tênun dalah barangipun tênunan, adamêl cèt lawe tuwin mitongtonakên mêsin ngantih tuwin tênun damêlan murid-murid tênun ing Ponorogo.

Miturut ancêr-ancêring rancangan wau, kagunan tênun ing Ponorogo ingkang dipun pangajêngi dening Tuwan Purwowiyoto, katingal majêng, malah katingal manah dhatêng lêbêt-lêbêting kagunan wau.

Sade anak. Ing bawah Adiwêrna, Têgal, wontên tiyang èstri nyade anakipun namung f 1.50. Dene anggènipun gadhah tindak makatên wau jalaran saking sangêting kêmlaratan. Malah ingkang jalêr cariyos, rumaos manawi sampun botên sagêd nyukani kaskaya dhatêng ingkang èstri tuwin botên sagêd ngopèni anakipun. Mila sampun rila saupami anakipun kasade, kajawi punika taksih nyukani sêrat pêgat.

Adhuh, sêmantên pêpêtêng ingkang tumêmpuh wontên ing jaman malèsèt, pinanggihing pamanahipun tiyang ingkang nuju sumpêg, ngantos kados makatên.

Administratie kabupatèn ing Bêtawi kapriksa Accountant. Awit saking rêmbaging raad, sawarnining administratie pakaryan tuwin panggaotan Kabupatèn Bêtawi, supados kapriksa dening Accountant, ingkang dipun pilih Accountatskantoor H.J. Vooren. Waragadipun sakawit f 2200.- salajêngipun f 1200.- ing sabên taun.

Punika satunggiling indhakan wragad, nanging nama satunggiling cêkok, badhe tinêbihan ing sêsakit.

Prakawis urut-urutan. Pangadilan Landraad ing Bêtawi mêntas mriksa prakawis tiyang nglêbêtakên batu api pêtêng, ingkang dipun cêpêng dening punggawa rabeyan. Dakwa kadhêndha f 100.-. Nanging lajêng wontên prakawis ingkang tuwuh malih, batu api ingkang dados butamal wau, malih dados sela yêktos. Mila lajêng nindakakên papriksan ingkang kaping kalih.

Samantên urut-urutaning prakawis ingkang tuwuh wontên ing jaman malèsèt.

Angguran ing tanah ngriki. Dumugi wêkasanipun wulan Februari kapêngkêr, wontênipun tiyang angguran ing tanah ngriki 9.200, pêpetanganipun : bangsa Eropah 2.129, tiyang siti 6.579 tuwin bangsa Tionghoa 492.

Pêpetangan samantên punika têgêsipun pêpetangan ingkang padhang, inggih punika tiyang angguran ingkang namanipun sampun kacathêt, dene ingkang dèrèng petanganipun tansah lumintu. Mugi samia angsal pitulungan.

Malik pakaryan. Tuwan St. Tirtosupono, tilas directeur, mustika" kalampahan sampun ambikak kantor pangêcapan piyambak nama "Bale Karti" tuwin inggih badhe ngêdalakên sêrat kabar piyambak.

Tindakipun tuwan punika kenging dipun wastani majêng, botên ical anggènipun sampun nate dados pangarsaning kantor pakaryan.

Sêsakit miltvuur tumular dhatêng tiyang. Miturut papriksanipun Dr. Gotheim, ing Kêndari laladan Makasar wontên tiyang 29 nandhang sakit, jalaran mêntas nêdha daging kewan ingkang katrajang sêsakit miltvuur, wontên 3 ingkang kalajêng tiwas.

Manawi sampun wontên lêlampahan kados makatên punika kados tiyang sawêg gadhah pangandêl, bilih daginging kewan sakit punika ugi gadhah daya botên sae dhatêng tiyang. Prayogi sami ngatos-atos.

--- 495 ---

Guru anjiwit murid dados prakawis. Kawartosakên satunggiling murid H.I.S.H.C.S. ing Têgal dipun jiwit dening guru ngantos andadosakên sakit laminipun 17 dintên. Tiyang sêpuhipun lare lajêng ngaturakên sêrat gigat dhatêng ingkang wajib tuwin dhatêng Departement Pangajaran. Miturut katrangan doktêr, jalaranipun saking tatu dados infectie. Lêlamapahan prakawis guru kêrêng dhatêng murid, punika tumrap tiyang sêpuhipun lare, manah botên dados punapa, nanging tumraping guru cêngkiling, saya manawi andadosakên sabab, sok lajêng ngicalakên kasabaraning tiyang sêpuh. Mila prayogi dados pamanahan, kadospundi murih sakecanipun.

Mitulungi tiyang èstri ingkang kapiran. Kantor ingkang suka pitulungan madosakên padamêlan dhatêng têtiyang èstri ingkang kapiran, badhe dipun tindakakên dening comite M.P.P.A. kantoripun ing Prapatan 34, Bêtawi C. inggih punika gêdhong Rumah Piatu Muslim. Sintên ingkang badhe gadhah prêlu kenging dhatêng ing ngriku sabên Sênèn tuwin Kêmis, jam 10 dumugi jam 12.

Punika satunggiling tandangipun wanita ing Bêtawi.

Congres Partai Indonesia. Benjing salêbêtipun wulan Mèi ngajêng punika, P.I. badhe ngawontênakên congres wontên ing Bêtawi. Sarèhning kintên-kintên kathah sangêt ingkang badhe dhatêng, papan ing Gang Kênari kakintên botên nyêkapi, mila golongan wau nyuwun palilah badhe congrès manggèn ing jawi. Nanging panyuwun wau botên dipun parêngakên dening parentah.

Pangintên badhe kathahing tiyang ingkang dhatêng ing congres, punika sampun têmtu, saya malih tumrapipun jaman kados makatên, katingalipun tiyang sami rêmên dhatêng parêpatan, awit mênggahing parêpatan, wontên ingkang gadhah pamanahan dados papan panglipur.

Loterij pitulungan. Kawartosakên, Werkloozenbond "Gotong Royong" ing Sêmarang, angsal palilah saking Tuwan Gupêrnur Jawi Têngah adamêl loterij barang-barang kabage dados 1000 lêmbar. 1 lot rêgi f 1.- Angsal-angsalanipun ingkang f 500.- badhe kadarmakakên dhatêng para angguran.

Punika satunggaling margi pitulungan. Sintên malih.

Guru ingkang dipun sigèni ing murid. Wontên pawartos, sawênèhing guru wanita Taman Siswa ing Têgal angajêri dhansah dhatêng para muridipun, nanging para murid wau wontên ingkang botên mathuk malah badhe ajak-ajak botên malêbêt.

Tindaking para murid wau katingal bilih raosing wetanan taksih kiyat. Sintên ingkang nayogyani dhatêng kajênging para murid wau, têmtu nglairakên pangalêmbana.

Sêsakit pès ing Bandung. Kala tanggal 7 wulan punika, ing Bandung pinanggih wontên tiyang katrajang sakit pès cacah 3 ing kampung Bojongloa, Karanganyar tuwin Sumaraja.

Ingkang sampun-sampun sêsakit pès punika yèn tiyanga makatên tansah anggalibêt kemawon, mila tumrap pangrêksa tuwin pambudidayanipun parentah murih sirnaning sêsakit wau, inggih tansah lumintu. Dados nama wajib ugi para têtiyangipun ingkang dipun rêksa mangrêtos dhatêng rêrigên.

Angsal-angsalaning beya ing Tanjungpriok majêng. Miturut pawartos, angsal-angsalaning beya ing Tanjungpriok ing wulan kapêngkêr mindhak kathah, langkung 4 ton têtimbang kalihan ingkang sampun-sampun. Dene indhakipun wau, jalaran lampahing lêlayaran dhatêng Syanghai sampun dipun tata langkung sae, barang-barang ingkang mandhêg sagêd kawêdalakên.

Yèn mirit tataning jaman saya malih ucap-ucapan ing padhalangan ingkang mungêl "murah sarwa tinuku" punika atêgês nagari gêmah aripah." Nanging wontênipun ing jaman sapunika mirahing têtumbasan atêgês awising arta. Mila namung pinuji, sawarnining wartos sae, mugi sagêda dados sêkar borèh.

Karukunan bangsa. Ing Ngayogya wontên pakêmpalan nama P(erkumpulan) H(ardaning) P(akaryan) ingkang dipun adani ing para neneman ing Purwokinanthi, Pakualaman. Pakêmpalan wau ngudi ajênging kawêkêlan bab anggambar wontên ing cowèk mawi cèt awujud gambar warni-warni, makatên ugi angagêngakên potrèt, prabeyanipun mirah sangêt. Kajawi punika ugi nampèni sintên ingkang badhe sinau kanthi lêlahanan. Ingkang dados sêsêpuhipun pakêmpalan Tuwan Padmodiharjo, juru anggambar, Tuwan Darmowisastro, artaka Tuwan Bikis.

Pinanggihipun wontên ing jaman kados makatên, pitulungan ingkang tanpa waragad punika dados satunggiling tandha karukunan. Lan malih sanajan pakêmpalan wau namung angsal sakêdhik, nanging manawi lumintu inggih nama lumayan.

[Grafik]

Kapal pêrang tuwin mêsin mabur Jêpan ing Syanghai. Kapal pêrang tuwin mêsin mabur Jêpan ingkang nuju ngêdalakên kukus murih sampun katingal dening mangsah wontên ing Syanghai.

ASIA.

Pandakwanipun Jêpan dhatêng Rusland. Pangagêng wadya Jêpan tuwin Mansyurie mêntas andênangi bom ingkang sagêd ambalêdhos wontên sangandhaping krêtêg lèpèn Sungari. Bab punika pangagêng wau lajêng gadhah pandakwa dhatêng Sovyet Rusland.

Rêmbag bab Mansyurie. Parentah Tiongkok sampun nampèni telegram saking parentah Mansyurie, mratelakakên ing bab karampunganing rêmbag bab sêsambêtanipun tindak ahli wicara Mansyurie kalihan Tiongkok. Parentah Tiongkok rumaos bingah dhatêng bab punika, amargi tumrap satunggiling parentahan botên kenging kasêpênan tiyang ingkang wajib angrampungi prakawis.

AMERIKA.

Rêdi anjêblos. Kala tanggal 12 wulan punika, ing laladan Andes, Amerika, wontên rêdi latu 8 sami anjêblos. Para ahli rêdi latu sami nguwatosakên manawi rêdi-rêdi latu wau ngêdalakên hawa racun. Jalaran saking punika têtiyang ing laladan ngriku sami kapurih ngangge topèng panulak gas racun. Têtiyang ing kitha utawi dhusun sami manggèn ing sajawining wangon. Kitha Mendoza, watêsing nagari Chili tuwin Argentinie dados pusêring kasangsaran. Kitha wau katutup lahar tuwin awuning rêdi Dascavezado.

--- 496 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

9.

Ing kala punika ibunipun nyêlaki saha lajêng lênggah wontên ing kursi sandhingipun, wusana ngandika: Thole Sumarta, wis suwe aku arêp rêmbugan karo kowe, nanging langitmu ketok pêtêng bae. Ing dina iki ulatmu ketok padhang, aku tak kôndha ya, gèr, rungokna.

Yah, badhe ngandikani punapa.

Mêngko dhisik ta, rungokna, tak kôndha. Gunêmku iki wigati bangêt tumrape awakmu lan aku, gèr. Anakku mung kowe, bapakmu wis ora ana, dadi uripku jênêng ngayom mênyang anak.

Radèn Sumarta lajêng ngêmpakakên sês sigarèt kalihan mangsuli, tanpa nyawang dhatêng ibunipun: Môngga kula aturi andongèng, kula ingkang mirêngakên.

Wong tuwa-tuwamu wis kêrêp padha têka mrene, Sumarta.

Punapa anggènipun dhatêng ngriki punika, ingkang panjênêngan wastani wigatos. Sayêktosipun kula inggih dhangan kemawon, manawi anggènipun dhatêng ing ngriki namung prêlu badhe nêdha eca, nanging dhatêngipun ngriki, kaangkaha samôngsa kula nuju nyambut damêl, amargi kula rumaos botên sagêd momoran kalihan bangsaning tiyang kados makatên punika. Inggih dipun punapa-punapakna, cêkakipun kula botên sagêd, awit rêmbagipun tamtu ngalèr ngidul.

Kowe aja kliru tômpa: Sumarta, sanak sadulurmu sing padha têka mrene iku, ora kok jalaran saka anggone padha kapengin arêp mangan enak. Nyatane angandhani yèn omahmu wis padha rusak.

O, dados kula ingkang kapurih andandosi: ta.

Karêpe ora ngono, mung kowe diprayogakake manggon ing omah mau, awit iku jênênge omah tinggalane wong tuwamu dhewe.

La, mangke, manawi kula manggèn ing griya pakampungan rak lajêng sakitên, jalaran limrahipun rêgêd ambalêkathêk, saha lajêng tunggilan kalihan bangsaning tiyang cekeremis.

E, e, e, ora ilok bangêt, gèr, kowe ngrèmèhake sanak sadulurmu dhewe. Lan aku ing batin iya wis duwe pangira yèn kowe bakal ngrèmèhake sanak sadulurmu. Wis, wis, gunêmku ora arêp tak bacutake. Lan manèh aku iya ora bakal ngrêmbugi bab alakirabi mênyang kowe.

Kula malah sukur sangêt, manawi ginêm punika lajêng kapunggêl samantên kemawon, awit manawi dipun lajêngakên, sagêd ugi wangsulan kula namung badhe natoni manahipun sanak sadhèrèk. Sayêktosipun kula punika botên gêgayutan rêmbag kalihan sanak sadhèrèk, dados pancènipun sanak sadhèrèk punika inggih botên prêlu ambêtahakên badan kula.

Nanging kapriye ta. gèr, mungguhing kêlumrahan, wajibe kowe kudu rukun karo sanak sadulur.

Radèn Sumarta lajêng anjênggèlèk, mandêng dhatêng ibunipun kalihan mangsuli: Tatacara makatên punika namung lêlamisan: bu, kula sampun botên doyan. Sawarnining ginêm, ingkang kula wigatosakên namung pangandikanipun ibu, awit kula rumaos botên kêpotangan saking sanak sadhèrèk.

Kuwi gèr luputing gunêmmu, aku tak kôndha, utangmu mênyang sanak sadulurmu akèh, kowe saka durung ngrêti bae Sumarta.

Radèn Sumarta kagèt, ngantos dangu botên ngucap, namung mandêng kalihan ibunipun kemawon, wusana lajêng mangsuli: rumaos kula, kula dèrèng nate nyambut arta saigar-igara dhatêng sanak sadhèrèk.

Atimu sarèhna dhisik, thole, gunêmku rungokna sing cêtha, kowe bèn ngrêti. Anggonmu sêkolah ana ing Batawi limang taun, waragade sasasi satus rupiyah. Nah, dhuwit samono sabên sasi kuwi saka ngêndi.

Saking èngêt kula, suwargi bapak sampun nyadhiyani arta waragad sêkolah kula.

Ya bênêr, nanging mung têlung èwu, sing têlung èwu manèh saka sapa. Durung sandhang panganggomu, waragadmu mulih bola-bali, lan manèh sèwu rupiyah sing tak anggo tuku prabot omah iki, iya saka ngêndi.

Saking sintên, inggih saking panjênêngan, ta: bu.

Ya bab kuwi sing ora kosumurupi. Bandhaku apa.

Pakêbonan, sabin.

O, pangiramu iku klèru, gèr, apa bôndha iku kokira duwèkku dhewe, dudu: thole. Pakêbonan utawa sawah iku jênêng bumi pusaka, padha anduwèni. Kowe iku bêgja, dene sing tunggal andarbèni ora duwe anak lanang, anane sing lanang mung kowe dhewe. Saka lêgawane uwakmu sakalihan, aku diwênangake nganggo pamêtune kanggo maragadi sêkolahmu, awit pangarêp-arêpe ing têmbe kowe bisaa dadi wong sing ketok, bisa dadi pangayomane sanak sadulur akèh, sawise padha tuwa. Dadi aku iki rak jênêng kapotangan gêdhe bangêt karo uwakmu. (Badhe kasambêtan)

--- 57 ---

Nomêr 15, Taun III.

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu.

Tabêt Trêsna ing Wong Tuwa

Candhake Kajawèn nomêr 29.

Sungkawa nyut, banjur kèlingan, nalika ibune, awan-awan wayah srêngenge gumlewang, lênggah ngisis marêp mangidul ana ngarêp pawon, ngiras mriksani anggone dhèwèke karo adhine, ana sandhing gupon sangisoring wit kêmbang kanthil, ngrèntèngi godhonge kang runtuh, disunduki nganggo biting nganti dawa, nuli disambung ditrapake ing sirah. Pucuke sing nglawèr, katêmpuh ing angin katiga, gênteyang-gênteyong ana gêgêr, kaya buntut kêthèk.

Gagasane Si Sungkawa dhèk samana isih têrus galayaran têkan ngêndi-êndi. Saiki rumasa gêtun bangêt, dene dhèwèke dhèk biyèn sok mothah marga anjêjaluk barang sing sêpele. Rasaning ati kaya diiris-iris, nalika dhèwèke kèlingan anggone nglarakake panggalihe ibune, olèhe sok ora gêlêm dikongkon anjupukake duk kanggo nyogok canthinge kang pinuju buntêt, sanajan têmbunge manis lan ngasih-asih, mung marga dhèwèke ngêbotake olèhe bengkat, kênèkêran, utawa adu kêcik ana sangisoring wit jêruk pêcêl sandhing lumbung. Saupama ibune saiki bisaa urip manèh, dhèwèke mêsthi ora bakal ngrêsula, dikongkon ngalor ngidul, lan mêsthi miturut apa prentahe.

Si Sungkawa mripate saya kêmbêng-kêmbêng saking gêtune, nanging banjur mupus, ing batin nyuwun pangapura mênyang ibune, nuli ambrangkang anjupuk wilah, dianggo ngrêsiki lumut-lumut sing padha tumèmplèk ing watu, dikêrik alon-alon, kaya ngilangi dhangkaling sliraning ibune, sing lawas ora siram-siram. Kiwa têngêne maesan disaponi, rumasane kaya ngêludi jrambahing dalême. Sawise rêsik, banjur golèk rencekan, disumêd. Sawuse andadi banjur kutug. Kukusing mênyan mumbul mandhuwur, manthêr, urubing gêni kang minôngka cangkêmane. Karo andêdonga murih mulyane arwahing ibune. Sawise nyaosi dhahar kêmbang arum, sanajan rasaning ati abot arêp ninggal, Si Sungkawa mênyat ngadêg, mlaku alon-alonan, bali mulih mênyang pondhokan, kambi ngunandika: bêgja, bocah-bocah kang isih padha tinunggu ing wong tuwane, lan bodho, bocah sing gêlêm nyêrikake atine wong tuwa.§ Samono rasaning bocah kang eling mênyang wong tuwa. Pak Sêbul.

Kabula Pranata.

--- 58 ---

Trêsna Bapa

Candhake Kajawèn nomêr 29.

[Kinanthi]

nyêdhak uwong loro mau / karo angiling-ilingi / Jaka Kawasa akôndha / iki jênêng bango putih / ah ing besuk bokmanawa / ana gawene ing buri //

nuli suwiwine manuk / loro pisan dipêdhangi / Si Wêlas dikon anggawa / nalikane anampani / ngiling-ilingi lan kôndha / sasat wulu manuk bêri //

barêng uwis wayah esuk / wayah srêngenge madhangi / ing ngisor ketok gumêbyar / ana kutha luwih bêcik / uwong loro nuli budhal / sêdyane arêp marani //

nuli mlaku runtung-runtung / barêng wis mèh wayah mahrib / lakune saya lon-lonan / wayah surup blês wis ngancik / ana wêwatêsing kutha / wong nom loro lèrèn nuli //

IV. Nagara Tênung

[Sinom]

wong loro karasa sayah / kapenak lèrèn ing bêngi / akèh wong mlaku sliwêran / nanging padha sajak sêdhih / Wêlas krasa ing ati / yèn kaanan ngono mau / mêsthi wadine ana / wusana Wêlas nakoni / nyang wong liwat pitakone ngarah-arah //

ki sanak mugi parênga / kula pitakèn sakêdhik / sababipun punapa ta / dene nagari ing ngriki / têtiyangipun sami / apolatan suntrut-suntrut / sajak mung sami susah / lan ngriki nagari pundi / kaparênga kakang mratelakna cêtha //

wong liwat mandhêg sadhela / cakêt angiling-ilingi / awit uwis lamat-lamat / anggone mangsuli lirih / kula sampun mangrêti / adhi sakalihanipun / sami tiyang ngamônca / kang nêmbe rawuh ing ngriki / kamirêngna kula carita kang cêtha //

nagari ngriki punika / naminipun Parangsari / ananging mèh botên karan / dene katêlah ing nami / têtiyang amastani / inggih ing nagari Tênung / jalaran mung kabêkta / putrine nata ing ngriki / rêmênipun nênung adamêl cilaka //

atindak kalangkung tega / mawi sarana nyangkrimi / sintên kang sagêd ambatang / tinampi krama sang putri / ananging saupami / gènipun ambatang luput / sampun atakèn dosa / sintêna botên praduli / inggih lajêng pêjah pun kêthok kang jôngga //

môngka botên kêndhat-kêndhat / tiyang kang sami nglêbêti / para satriya neneman / nanging namung tiwas sami / sirah sami pun tanjir / katingal atumpuk-tumpuk / kadhaton ngantos kêbak / gagak saba rina wêngi / pating graok kados angalup nagara //

wong loro barêng malêngak / Wêlas alon amangsuli / yèn makatên botên tata / inggih nagari ing ngriki / kintên kula sang putri / warninipun langkung saru / awit awatêk ala / tega rêmên mêmatèni / pantês benjing dados intiping naraka //

uwong mau anjanggirat / karo lirih angêsêti / sampeyan sampun sêmbrana / purun-purun angraosi / dhatêng putri ing ngriki / punapa nyidham pun gantung / lan pangintên sampeyan / tamtu kawêlèh ing benjing / awit nyata ayunipun tanpa timbang // Bakal disambung.

--- 59 ---

Wêruh Mêmêdi

Nuju sasi liburan kanggo pamulangan Jawa, aku tilik simbah. Ing wayah lingsir wêngi, nuju padhang bulan, aku mêtu mênyang latar, ngadêg sandhing tritisan, hawane adhêm, mênyang awak rasane pating griming, cas-cês prindang-prinding.

Ora lêt suwe saka kidul kaya ana barang putih-putih jumêdhul saka sajêroning kalèn, rênggunuk-rênggunuk, mlaku alon-alonan, nurut pagêr luntas, marani aku. Awake ketok gilap. Rambute, marga kanginan lan kasorotan ing rêmbulan, ngèncèng-èncèng saka sisih kulon, katon anjêbobog putih kaya kapuk madhul-madhul. Tangane grayah-grayah anggrayangi godhong luntas. Aku kagèt kêwoworan wêdi. Mripatku tak ambak-ambakake. Sing putih-putih mau, rumasaku, gèk ketok, gèk ora. Ing githok rasane kaya ana sing andamoni. Atiku sar-saran. Arêp ambêngok, isin, mundhak diarani wong jirih. Dadi iya mung tak tatag-tatagake bae, ngêntèni êmbuh mêngko sing bakal kêlakon. Tanganku têngên grayah-grayah golèk watu, olèh siji. Mripatku isih têrus ngawasake bae, batinku: iki apa wewe, apa gêndruwo, apa wêdhon. Iya tekad-tekadan, anggêre wani anggrayang awakku, mêsthi dak kêpruk watu.

Awakku saya suwe saya andhrêdhêg, atiku saya lap-lapan, lambeku wèl-welan, tanganku têngên kumitir, kudu êndang dak anggo ngêpruk-ngêpruka bae, sing ngrênggunuk putih mau, saya suwe, saya cêdhak. Barêng mèh cakêt ana ngarêpku bênêr, tanganku têngên tak angkat arêp tak anggo ngêpruk. Nanging, alkamdulillahi robil alamin - ing wêktu iku uga aku krungu suwaraning uwong sing ora tak panglingi, lirih lan alon, têmbunge: dalane ki êndi, ta.

Aku takon: Ki Mêrta, pa, kwi.

Wangsulane: Ênggih dèn. Niki wau mêntas saking kalèn ajêng mantuk têka bingung.

Mak plong, rasaning atiku, osikku: saupama dhèwèke sida tak kêpruka, gèk kapriye.

Wusana wong sing dadi mêmêdi mau banjur tak tuntun, tak tuduhake dalane. Aku nuli mlêbu ing ngomah, mapan turu manèh, nanging nganti suwe mripatku isih mêcicil bae, atiku tansah tab-taban. Aku rumasa sukur ing Pangeran, dene ora sida ngêtokake gêtihing uwong.

Surana.

Wangsulan

Nak Mardi, cangkrimanmu apik, lan iya nyênêngake. Nanging barêng tak cocogake karo badheane akèh sing ora cocog. Iya bênêr yèn diingar-ingêr bisa, nanging cara mangkono mau gawe rêkasaning pamikir, tur isih ana sing klèru. Mula bêcik ora dipacak bae. Aja dadi atimu.

Mula ing bab prakara cangkriman, bêcik dikanthèni batangane pisan, supaya bisa ditimbang dhisik.

Pak Sêbul.

--- 60 ---

Wit Pêlêm Padu karo Kêmladhehan

Pangkur.

yèn tak gagas saya laras / omah mondhok tumumpang êpang mêncit / arêp mangan ora luru / mung kari nyêgat dalan / ana gègèr aku ora prêlu ribut / mung pasrah kang duwe omah / nadyan kana rada gêthing //

uwit pêlêm banjur kôndha / kêbangêtên si kêmladheyan iki / ora ènthèng sêsangganku / kosiksa sabên dina / lah dêlêngên awakku nyêkikring kuru / mulane ya padha-padha / kowe ngaliha ta dhisik //

kêmladheyan ladak jawab / êlo pêlêm saiki kowe malih / têka nundhung karo aku / luputku bae apa / sêtèng gowèng kowe ora blônja aku / têka kôndha yèn kabotan / lah gage jorogna uwis //

lo kok ngono kêmladheyan / olèh bêcik têka ambalang tai / aja ngono bocah bagus / têka sumbar anantang / mênèk bisa kowe ora susah jaluk / saêkal masthi tak larak / ngono kuwi gawe sêrik //

piwalêsku êntènana / sing Kuwasa môngsa kuranga adil / uwong luput masthi kokum / wong bênêr tuk ganjaran / lah dêlêngên kae kaki tani mêtu / wangune gawa gêgaman / apa arêp awèh adil //

juru tani nuli munggah / mènèk mêncit kêmladheyan diarit / kêmladheyan sambat: adhuh / dhuh-adhuh botên dosa / O têmênan piwalêse pêlêm mau / wis pêlêm kowe karia / aku pamit arêp mati //

Si Su, ing Sala.

Kaya Bocah

[Grafik]

Ing sisih iki gambare bok Rasoni, adhine Dèn Bagus Sona, anake Mas Sutasrênggala, iya putune Pak Asu.

Bok rara mau bangêt disihi karo bandarane, jênêng Dèn Lara Sri, kêrêp dijak dolanan, ora beda kaya uwong, Soni kon ngêloni bonekah barang.

Wong ya bocah.

--- [0] ---

[8 lembar halaman Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 32, 14 Bêsar Je 1862, 20 April 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [497] ---

Ôngka 32, 14 Bêsar Je 1862, 20 April 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Banjarmasin

[Grafik]

Krêtêg gantung ing lèpèn sacêlakipun Banjarmasin, Borneo.

--- 498 ---

Kawruh Padhalangan

Ringkêsaning Kawruh Padhalangan Ringgit Purwa ing Surakarta

Sambêtipun Kajawèn nomêr 30

Na. Ucap-ucapan Ngastina

(Angkatanipun sami kemawon kalihan jêjêran sanèsipun).

Ing nagara Ngastina pranyata nagara bôndha abandhu sugih kaskaya sarwa samêkta. Sajroning nagara rinêngga-rêngga ing kaendahan, kathah bale malige agung, panggung anggênggêng angrênggani marga. Ing lurung-lurung anglur janma lumampah, tuwin têtunggangan momotan kuda rata dipôngga tandhu joli padhati sinang, lumampah anglur datan ana pêdhote. Ing pasar-pasar padhasaran andhèr angandhar-andhar sakèhing dêdagangan. Ing sajroning praja swaraning lêlangên lan kasukan siyang pantara ratri rame gora gumuruh agêgênturan. Swaraning pradôngga pating crêngklung, wênèh ngrêrangin araras kapiyarsa. Sakèhing bêbarangan sami kebar angebar-ebar, tuwin sagunging kalangan sawung puyuh kêmiri kêcik jangkrik kartu, tujon kècèk kopyok kodhok ula umbak bèji môndha klênthêngan mawarna-warna, tansah nyuwara sora surak mawurahan. Sayêkti ing nagara Ngastina dadi paran pangungsèning para among kasukan lan kalangênan. Sajroning dhatulaya bale witana manguntur prabasuyasa sami rinêngga sêsotya murub mubyar abyor, asri araras kadi sawarga mangawatara.

Sintên jêjuluking nata ing Ngastina: Mahaprabu Suyodhana, Kurupati, Jayapitana, Gandarya, Drêtarastraputra. Mangkana wênang dèn ucapakên pambêkaning nata, sanyata ratu among amot amêngku marang para santana wadya kawula. Para santana wadya sami sinangkêpan kasukan inguja mawijah-wijah. Mila para santana wadya sami suyud sumungku. Pranyata Sri Bupati ing Ngastina ratu agung panguwasane luhur kawibawane. Yèn ginunggung luhuring kaprabon raharjaning praja, kaya sadalu tan ana pêdhote. Mangkana sinigêg ing ari...

(lêlajênganipun sami kemawon)

Ca. Ucap-ucapan jêjêran Hyang Guru.

Syuh rêp ndaha tita, anênggih ing pundi ingkang kinarya bêbukaning carita, iya ing kahyangan Jonggringsalaka. Ing pasewakan Jonggringsalaka, iya ing Jonggirikelasa, inggih punika kadhatone Sang Hyang Siwahbuja, iya Sang Hyang Guru, Sang Hyang Nilakôntha, iya Bathara Rudra, Bathara Srambo, Sang Hyang Caturbuja, kathah jêjuluke Sang Hyang Guru. Sang Hyang Guru pranyata pêpungkasing para dewa, sêsêmbahane tri bawana, dening Sang Hyang Siwahbuja mêngkoni agama Wisnu, kalawan Brama. Marmane Sang Hyang Guru têtêp têtungguling para dewa, sagunging dewa-dèwi, bathara-bathari, hapsara-hapsari, gandarwa-gandarwi, widyadara-widyadari, tuwin sawarnining titah sadaya sami sumêmbah mangastuti. Sajati Sang Hyang Guru anyamadi sagunging dumadi, sumarambah rêsêp rumasuk sakèhing kaanan.

--- 499 ---

Ing nalika punika Sang Hyang Jagatnata siniwi para dewa tuwin watêk Lokapala, wontên samadyaning bale paparyawarna. Lênggah ing palangka rêtna dèn ayap para widyadari ngampil-ampil upacaraning bathara. Sadaya upacara tuwin rêrêngganing bale paparyawarna sami mawa cahya, pating pancorong pating galêbyar angobar-abir.

Para dewa kang sami sumewa ambalabar bêg ambèr dumugi pamedan pangarib-arib. Sanalika ing pasewakan bale paparyawarna kaya rinubung ing kilat thathit. Rêp sidhêm datan ana sabawane walang salisik, amung kapiyarsa swaraning lawuwina wontên ing salêbêting karang kawidadarèn, asri araras angrêrangin.

Sintên ingkang kaparêg sumewa ing Sang Hyang Jagatnata, inggih punika Bathara Rêsi Naradha, Suduk Pangudaludal, Rêsi Kanekaputra, iya Sang Hyang Priyaprana. Marma kaparêg ing Sang Hyang Naradha minôngka bang-bang alum-aluming dewa. Lajêng sinambêtan para jawata ingkang sami sumewa, konjêm marikêlu mabukuh susilastawa atrap pranata, ajrih ing sikudhêndha pangupadrawane Sang Hyang Siwahbuja.

Apa wigatine Sang Hyang Rudramurti miyos siniwaka, sayêktine anggalih... (wigatosipun jêjêran)

Ra: Ucap-ucapan kreta.

Rata titihane... punika rata pusaka, awangun gothaka rinêngga sarwa sotya tuwin kancana rinajawrêdi. Kuwaraning rata alêlamak baludru sutra pita kinarawistha. Rodha rineka cakra acitra êlar-êlaring garudha Winateya. Sarati miwah pangarih binusanan endah mumpyar tinon kadi Sang Matali, saratine Sang Hyang Endra. Ing ngarsa pangirid kuda kawan rakit lêlajuran, binusanan carmamulya pinatik podhi-podhi kancana. Bulu-bulu rêrakitan pindha kêmbang galagah. Kuda pangirid binarong sutra rajutan, acamara cuwiri sotya sinuji. Sangkêp sarêngganing rata, yèn lumampah angêrap kadi teja wangkawa katiyubing maruta.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3682 (t. Prawirasoehardja), kenging, nanging kêdah katêrangakên saking sintên.

Lêngganan nomêr 1746 (t. Mangoendiro), maringi f 1.-, kemawon.

Lêngganan nomêr 4312 (t. Moeljohardjono), sêrat saha rêsi wisêl sampun katampi. Kajawèn ugi sampun kakintunakên. Cocog.

--- 500 ---

Raos Jawi

Rêrêngganing Dalu

[Mijil]

Hyang Sitangsu miyos lingsir wêngi / kumênyar mancorong / dumipèng rat sumunar prabane / mênggêp munggwing graning widik-widik / elik kang ngalingi / ngalela kadulu //

kawistara sênênnya nêlahi / sèsining rat katon / katon wijang sajinis-jinise / sèn-isèning bawana mêpêki / kawurywan karya sri / rêrêngganing dalu //

lêsah lêsu sanggyaning dumadi / dening dahad kasok / kawisesa mèstuti jangjine / kawajiban ingkang wus pinasthi / pêpancèn nut wanci / pandumaning laku //

ring sang tikbra tyasnya katêtangi / katrêsnaning raos / karêrantan kabyatan wirage / manggung minggung wagugên ing galih / ginugu mimbuhi / gagasan ngêlangut //

dening tita laksitaning dhiri / deranggung wirangrong / merang ring rèh ilang piandêle / kèsi-èsi gung sinôngga-runggi / sinarang sinirik / ring samèng tumuwuh//

ewuh-aya lêkasing pambudi / sasêdyane mlênyok / jôngka onya malèsèt jangkahe / dening dahat kasangsaya mêncit / lir koncatan budi / kumudu anglalu //

lalu linglung ing nala tan aring / paran wasanèng don / de tinitah sapisan uripe / nora guna wiryarta tanapi / daya wisma sêpi / ina raning manus //

anglêsing tyas sanityasa tistis / nalôngsa ing batos / tandya mendra nut suku puruge / angga kêkês sinrang maruta ris / raras ruming sari / kongas gandanya nrus //

tumrêcêping anggota numusi / tumanêm ing raos / tan pantara kapyarsa bawane / capêt-capêt suwara dumêling / esthane wêwisik / wangsiting Hyang Agung //

wahyaning kang wêwangsit mêlingi / mungguhing lêlakon / kang gumêlar tan langgêng anane / nut ing môngsa kalêksanan yêkti / purbaning Hyang Widhi / tansah pasang surud //

ing têgêse owah lawan gingsir / anggilir gumantos / kadyèku Hyang Aruna esthane / nêdhêng miyos mênggêp angrênggani / ing rat tanpa siring / sorote sumunu //

dupi praptèng môngsa pêrak enjing/ ujwalalum cowong / angêlayung nir daya prabane / kêndhih dening prabawa wijiling / Hyang Rawi gumanti / mênggêp tanpa kiwul //

prabawaning praba balêrêngi / sèsining rat kasor / suprandene tan lana têmahe / duk gumiwang kawurywan nglêlêntrih / diwasaning ari / mahas ing asamun //

tan prabeda sagunging dumadi / esthane mêngkono / kang sumandhang nèng janma jatine / lali apês rusak wus pinasthi / yogya dèn emuti / narima ing pandum //

bonggan sira yèn tan nênitèni / têtêsing lêlakon / kalêksanan karana uwite / wite saka kêdhêdhêran wiji / wiji bênêr sisip / samasane tuwuh //

wiji gabah yêkti tuwuh pari / kêcik tuwuh sawo / myang lènira esthanya tan bènèh / luwih manèh yèn tansah pinardi / tuwuhe lêstari / ngrêmbaka ngrêmbuyung //

yogyanira dèn pandak marsudi / mardawèng tyas kaot / tinumana têmên lan talatèn / budi sadu kanthi awas eling / kandêl tyas pracadi / adiling

--- 501 ---

Hyang Agung //

ala ayu papa mulya tuwin / luhur miwah asor / sugih miskin pan darbèke dhewe / bungah susah mung tansah kêkinthil / pasthining Hyang Widhi / nut doning panuju //

lênging tuju sumarah parênging / ring Hyang Murwèng Pandon / kang awênang murba misesèng rèh / rèhing titah darma anglakoni / binasakkên kadi / sarah munggwing laut //

[Grafik]

...Hyang Sitangsu miyos lingsir wêngi, kumêbarkumênyar. mancorong

tan suminggah sapangrèhing warih / saparan rumojong / nut ing ombak saparipolahe / mung ywa limut mêlênging pangèsthi / ngèsthi mêmalarsih / aksamèng Hyang Agung //

rèh marêngi karsaning Hyang Widhi / kandhane si kolot / kwèh pakarti lir lêkasing kêthèk / kapiluyu rêrêbutan melik / mêlok gendhong lali / kalingan lêlamuk //

datan ketang mitênah ngapusi / ring samèng dumados / tanpa rikuh nêmpuh waton olèh / lalu lali têlênging trêsna sih / mring kadang warga wit / tansah rêbut unggul //

ywan sangsara sinarang sinirik / ywan mulya pinondhong / lamun sugih tansah kinamulèn / nir labêting sarjana-jana di / kalulun katali / katliwênging laku //

ambêg sura ing wirang jrih lalis / katungkul pêpadon / ambrêgudul katongton melike / dening bawa lêksanane ngili / nilar silastuti / tansah ngaji pupung//

lir bêbasan tunggak jati mati / tunggak jarak ngradon / dening jati weya datan kopèn / tan wun sida katêmahan dadi / jugrug graning giri / jurange barênjul //

nging kadyèku ywan tansah pinikir / nalare tan pêdhot / angêlangut tan ana pedahe / pituwase mung ngrêrônta kapti / rèh tinitah langip / ywa gya mung tumambuh //

angur baya ngikêt angrêrêpi / warahe Pak Kêmpong / kang wus warêg uyah lan asême / angalami lakon bênêr bêcik / yogya dèn lêluri / tinulada patut //

tatalane dêdalan ngulari / ring boga panganggo / rekadaya [reka...]

--- 502 ---

[...daya] sakadar olèhe / sinaranan rahayuning budi / budyarda sinirik / mrih têntrêming kalbu //

sigêg swara wus datan kapyarsi / sang monêng tyas kasok / tandya manjing panti pasuptane / dungkap wanci watara tabuh tri / lês anulya guling / kongsi gagad bangun //

dyan pinugut gupita marêngi / ri Jumungah Kliwon / ping dwidasa catur wimbaning lèk / Dulkangidah Je sangkalèng warsi / kanthi mêmalar sih / angèsthi rahayu //§ Gus Sandiman cengkoke katitik / lêmês cara Solo / purwakanthi mung kasandhung bae / dhuh-dhuh anggèr kaparênga mugi / kala-kala tuwi / Kajawèn kang suwung // Red.

Sandiman, ing dhukuh Sindon.

Para Priyantun B.B. ing Bestuursschool dhatêng Lampung

Sampun sawatawis dintên Mr. C.W.A. Abbenhuis, dhirèkturing Bestuursschool kanthi para priyantun pangrèh praja, ingkang sinau wontên ing pamulangan wau sami dhatêng ing Lampung. Mênggahing sêdya, anggènipun sami dhatêng Lampung punika, ingkang kawigatosakên badhe nyumêrêpi papan paboyonganipun bôngsa Jawi ing ngriku. Waragadipun lampah sami dipun sanggi piyambak-piyambak, tuwin jalaran saking pitulunganipun K.P.M. ngandhapakên waragad kapal dhatêng para priyantun wau, makatên ugi jalaran saking pambiyantunipun priyantun pangrèh praja ing Lampung, satunggal-satunggaling priyantun namung cêkap ngêdalakên waragad f 40.-

[Grafik]

Badhe bidhalipun para priyantun saking Tanjungpriuk numpak baita kapal K.P.M.

Para priyantun wau sadumuginipun ing purug sami bingah, anyumêrêpi kawontênanipun ing Gêdhongtatakan, Gêndhingrêja tuwin Sukadana, punapadene ing bab tangkêping para priyantun bôngsa Eropah tuwin tiyang siti.

Bidhalipun saking palabuhan Tanjungpriuk anyarêngi têtiyang Jawi saking Ngayogya cacah 1200 ingkang dipun boyong dhatêng Lampung. Tindak wau sagêd kasumêrêpan ing para priyantun ing bab caranipun ngangkatakên tiyang tuwin caraning pambage wontên ing papan ingkang dipun purugi.

Sadumugining panggenanipun, asistèn wadana Gêndhingrêja, têtiyang boyongan lajêng dipun bage-bage dhatêng para lurah dhusun. Lurah dhusun wau lajêng môndhokakên têtiyang wau dhatêng têtiyang bawahipun,

--- 503 ---

ngantos dumuginipun ing têmbe, manawi têtiyang enggalan wau sampun gadhah siti piyambak.

Kaondêran dhistrik Gêndhingrêja, inggih punika karajanipun Kêdhongtatakan, ambawahakên dhusun 69, isi tiyang 33.133, sadaya asli saking tanah Jawi.

Siti sadhiyan paboyongan punika ingkang kagarap awujud sabin 3600 bau, patêgilanipun 3100. Ing sabên sabin sabau, pamêdalipun pantun 65 dhacin, dene pamêdalipun pantun gaga, sabaunipun 50 dhacin. Ing sapunika sampun wontên panggilingan pantun gadhahanipun bôngsa Tionghwa. Pamêdalipun pajêg saking têtiyang ing ngriku wontên f 110.000.-, inggih punika pajêg pamêdal f 51.000.- tuwin pajêg lêlintu padamêlan f 59.000.-

[Grafik]

Têtiyang boyongan enggal nuju sami nêdha kupat ingkang kasadhiyanan dening têtiyang Gêdhongtatakan.

[Grafik]

Têtiyang boyongan enggal ingkang kakêmpalakên ing sangajênging griya asistenan Gêndhingrêja.

Tumraping pangajaran, ing ngriku dipun wontêni pamulangan sambêtan 2 muridipun 210 tuwin pamulangan [pa...]

--- 504 ---

[...mulangan]

dhusun 8, muridipun 00.Tidak terbaca.

Wontênipun ing Gêdhongtatakan, para priyantun wau dipun pahargya dening para murid pamulangan sambêtan, kanthi ngawontênakên arak-arakan dhatêng ngajêng asistenan, anglairakên panêmbrama lêlagon Jawi tuwin ulah raga. Kajawi punika ugi dipun sugata lêlangên nayub, punapadene kawontênakên pêpanggihan ing sositèit Z.S.S.

Panjênênganipun Mr. Abbenhuis amahyakakên gênging panarimah dhatêng para punggawa pangrèh praja tiyang siti ing Lampung tuwin angalêmbana dhatêng para lurah dhusun anggènipun sami tumêmên angangkati padamêlan rêkaos, kanthi panuntunipun para priyantun, ingkang wigatosipun mikantuki dhatêng para boyongan wau.

Saking ngriku lajêng bidhal dharat anglangkungi margi ing wana dhatêng Têlukbêtung, badhe resèpsi wontên ing dalêm karesidhenan. Kajawi dhatêng papan paboyongan, ugi dhatêng ing pabrik tangsul tuwin pabrik pêthi gadhahanipun Tuwan Synja ing Cisaat, gambaripun kados ingkang sampun kawrat ing Kajawèn kapêngkêr. Ing sadèrèngipun wangsul, mampir ing kadêmangan Têlukbêtung. Saking ngriku lajêng bidhal dhatêng palabuhan badhe wangsul dhatêng tanah Jawi. Ingkang nguntapakên kathah, tuwan residhèn ugi nguntapakên. Mr. Abbenhuis ngambali mahyakakên panuwun dhatêng tuwan residhèn ing bab anggènipun sadaya dipun tampèni kanthi suka rêna.

[Iklan]

--- 505 ---

Jagading Wanita

Pohung

Ing Kajawèn nomêr 17 ing taun punika manawi botên lêpat wontên sadhèrèk ingkang sampun angandharakên manawi pohung punika ingkang limrah namung kadamêl têtêdhan bangsaning kripik-kripikan utawi nyamikan abên wedang, kadosdene criping gêthuk, thiwul lan sapanunggilanipun.

Kajawi têtêdhan ingkang kasêbut ing nginggil, pohung punika ugi kenging kadamêl sêkul, mênggah pandamêlipun sêkul pohung punika, makatên: puhung dipun oncèki, lajêng dipun kumbah ingkang rêsik. Sasampunipun dipun cacah. Mênggah agêng aliting cacahan kakintêna piyambak, janji botên tipis kemawon.

Cacahan wau lajêng dipun kum ing toya ingkang rêsik ngantos tigang dintên tigang dalu. Toya kum-kuman sabên dintên kêdah dipun bucal, pohungipun kakumbah lajêng dipun kum malih ing toya ingkang rêsik, makatên salajêngipun ngantos tigang dintên. Mila makatên prêlunipun supados botên anggônda ingkang botên eca.

Sasampunipun dipun kum tigang dintên tigang dalu lan sampun dipun kumbah rêsik, pohung lajêng dipun êpêp ing wadhah ingkang rêsik sarta tutupipun ingkang rapêt, laminipun ugi tigang dintên tigang dalu. Sampun mêsthi kemawon pohung lajêng bosok, ananging bosokipun kadosdene bosoking tape, dados wujuding cacahan inggih taksih wêtah, pohung êpêp-êpêpan wau lajêng dipun bêbêk kadamêl glêpungan ingkang alus, glêpung wau kadèkèk ing tampah dipun uyêg ingkang wradin supados botên kêkêt dadosipun sêkul. Manawi panguyêgipun sampun rampung lajêng dipun dang ingkang tanak, dadosipun sêkul kawastanan sêkul kêcrèt.

Mênggah raosipun sêkul kêcrèt punika mèh kados sêkul wos, gadhah gônda wangi tuwin ical ambêting pohung. Ingkang kathah tiyang damêl sêkul kêcrèt punika ing padhusunan bawah kadhistrikan Ngadisana, Wanasaba.

Damêl sêkul kêcrèt punika sagêd babarpisan ingkang botên sabên-sabên damêl, glêpung tuwin ngêkum pohung, inggih punika pangêdangipun sampun satêngah matêng, dipun êntas kagêmpur lajêng dipun pe ngantos garing lajêng kasimpên, samôngsa badhe damêl kêcrèt namung kantun ngêdang kemawon.

Pohung punika cara Banyumasipun dipun wastani budin, ingkang dipun têgêsi sabudine (sakajêngipun) ingkang badhe damêl têtêdhan. Liripun budin utawi pohung wau badhea kadamêl têtêdhan ingkang alus-alus ingkang cara Petrukipun têtêdhan ingkang sagêd dhansah wontên ing ilat inggih sagêd.

Rara Sumiyar, Selakrama.

--- 506 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Kawontênan ing Bopêndhigul

Sambêtipun Kajawèn nomêr 31.

Lamining lami têtiyang Kaya-kaya punika lajêng sami purun dados rencangipun têtiyang bucalan sawatawis dintên, ngêntosi rampunging anggènipun anglintokakên barang-barang kancanipun sadaya. Danguning dangu lajêng wontên satunggaling Kaya-kaya ingkang sêtya sangêt wongsal-wangsul anglintokakên barang-barang utawi pêksi-pêksi dhatêng tiyang satunggal kemawon, kajawi lêlintonan ugi purun nyambut damêl pados kajêng dang, ambêsiki sukêt, macul, angkat junjung saha sanès-sanèsipun. Ingkang andadosakên saya rumakêting têtiyang Kaya-kaya dhatêng têtiyang bucalan punika sababipun makatên: panjênênganipun Dhoktêr Dhêruk, konduripun angajawi ngingah rencang tiyang Kaya-kaya. Panjênênganipun Dhoktêr Dhêruk punika ing sapunikanipun manawi kula botên lêpat dados insêpèktur B.G.D. Emut kula panjênênganipun Dhoktêr Dhêruk punika anggènipun insêpèksi dhatêng Tanah Merah (Dhigul) sampun kaping kalih. Inggih Kaya-kaya rencangipun Dhoktêr Dhêruk ingkang cêcriyos mênggah saening kawontênan. Ing sakawit Kaya-kaya punika dhatêng wontên ing Ambon sampun sênêng sangêt, kalayan nyariyosakên dhatêng bangsanipun punapa kemawon ingkang dipun gumuni. Saya sarêng tiyang Kaya-kaya punika nyariyosakên kawontênan tanah Jawi, saking kathahing anggènipun nyariyosakên saha sadaya punika botên wontên ingkang dipun cariyosakên awon, namung sae saha nêngsêmakên, pêpindhaning cariyos punika manawi bôngsa Jawi kadosdene nyariyosakên ing suwarga, inggih wiwit ing dintên punika kathah sangêt têtiyang Kaya-kaya ingkang sami purun tumut kalihan têtiyang bucalan. Saya sarêng sampun wiwit wontên saperanganing têtiyang bucalan ingkang kawangsulakên dening parentah, sawatawis têtiyang Kaya-kaya ingkang sami ngèngèr punika anggadhahi panêdha dhatêng ingkang dipun ngèngèri, bok bilih kawangsulakên dhatêng tanah Jawi supados dipun bêkta.

Pangèngèripun tiyang Kaya-kaya (Papuah) ingkang sami kapengin sumêrêp kawontênan ing tanah Jawi punika panyambutdamêlipun srêgêp sangêt, kajawi srêgêp nyambut damêl ugi ngêmên-êmênakên sangêt manawi kawulang basa Malayu utawi Jawi.

Ing satunggiling wêkdal têtiyang Kaya-kaya badhe nêdya andamêl rêrêsah ing Tanah Merah. Sawênèhing tiyang bucalan wontên ingkang andamêl pakabaran, manawi sababipun Kaya-kaya badhe andamêl rêrêsah punika sawênèhing pangajêngipun Kaya-kaya kêpengin gadhah bojo tiyang èstri bôngsa kita. Sanèsipun tiyang ngabarakên manawi sababipun sawênèhing Kaya-kaya dipun pinisakit dening tiyang bucalan ingkang manggèn wontên ing kampung B jalaran galuwehan kalihan tiyang èstri. Kadadosaning rêrêsah kados ing ngandhap punika:

Ing kampung B wontên ingkang dipun panah kenging dhadhanipun, ananging botên lêbêt tatunipun, saha

--- 507 ---

manawi nitik pasêripun sanès pasêr ingkang mawi wisa, amila botên andadosakên sabab punapa-punapa. Tiyang bucalan ingkang kenging panah punika sawêg wangsul adus saking lèpèn bêning (mila lèpèn punika kawastanan lèpèn Bêning, sanajana banjir toyanipun bêning kemawon) sawêg kemawon badhe mlangkah kalèn ngajêng griyanipun, panah cumlorot angengingi dhadhanipun. Griyanipun kalêrês wontên pinggir wana. Tiyang bucalan ingkang kenging panah punika botên ngantos kabêkta dhatêng griya sakit, namung dipun upakara wontên ing kampung, awit parentah ugi nyadhiyani juru ngupakara tiyang sakit.

[Grafik]

Têtiyang èstri Kaya-kaya dalah anak-anakipun.

Ing kampung D ingkang sisih wetan sacêlakipun wana wontên tiyang bucalan sawêg anyambut damêl angrêsiki patêgilan, dumadakan wontên tiyang Kaya-kaya kalih dhatêng ambêta dêdamêl panah. Saking kagètipun tiyang bucalan punika lajêng pitakèn sarana gêtak. Botên kanthi mangsuli tiyang Kaya-kaya punika lajêng manah tiyang bucalan kenging ilatipun, awit namung tutul pêtis kemawon. Tiyang bucalan ingkang kenging panah punika têrus kabêkta dhatêng griya sakit, awit tatunipun radi rêkaos. Sanadyan rêkaos sarèhning kajampenan dening panjênênganipun tuwan dhoktêr piyambak, mila enggal saras.

Sarêng wontên kadadosan kados ingkang kasêbut ing nginggil punika, panjagining militèr dipun kiyatakên, malah dipun pandhegani panjênênganipun tuwan kapitin piyambak. Badhe kasambêtan.

--- 508 ---

Nagari Ngamônca

Pasulayan Jêpan kalihan Tiongkok

Tumrap wawasan ing jawi, bab kawontênanipun pasulayan Jêpan kalihan Tiongkok tansah dados gagasan, pundi ingkang badhe unggul, pundi ingkang badhe kasoran, dèrèng sagêd amastani. Manawi tumrap tiyang ingkang sagêd nyumêrêpi kawontênanipun pawartos ing sêrat kabar, sagêd nyumêrêpi dhatêng ebah-ebahaning paprangan ing sabên dintên, nanging tumrap tiyang ingkang botên srawungan kalihan sêrat kabar, mirêngipun namung saking gêthok tular utawi atêtakèn. Tuwin jalaran saking kêlimrahing pawartos, ing sabên grombol-grombol tiyang sami arêraosan bab paprangan wau. Saya malih tumraping bôngsa kêkalih, ingkang anggadhahi kabangsan, pamawasipun sabên dintên ing bab paprangan, tamtu sakalangkung dipun wigatosakên, wontên kalanipun ngêcêcêm, wontên kalanipun gambira tuwin wontên kalanipun kabranang. Dene tuwuhing raos ingkang kados makatên wau, botên sanès namung jalaran saking kêtampik gumêlaring pawartos. Nanging sadaya wau mênggah têtêping kawigatosan kintên-kintên botên kados ingkang sami tumindak ing damêl, inggih ingkang ngawaki.

[Grafik]

Saradhadhu Tionghwa nuju ananggulangi mêngsah.

Ing sapunika rêmbag ing bab badhe padhamèn, tansah mulur-mulur dèrèng wontên kawusananipun, Tiongkok ngantos anglairakên rêmbag, bab punika prayogi kapasrahakên dhatêng polkênbon kemawon. Wontênipun Tiongkok gadhah rêmbag makatên punika, kintên-kintên namung saking rumaos pakèwêd badhe nindakakên karukunan wontên ing papan paprangan, awit saupami sawung tarung, lôngka sagêdipun kèndêl saking kajêngipun ingkang kabrukan. Dados sagêdipun kèndêl ingkang sami pasulayan, namurnamung. kêdah saking pamisahipun ingkang ambotohi, kajêngipun rêrigên rêmbag katindakna saking sajawining kalangan. Kawontênan kados makatên punika ragi cocog kalihan wangsulanipun Citingkai dhatêng pitakenaning wêwakil sêrat kabar, nalika dipun pitakèni bab padhamèn, mênggah wangsulanipun: pangajêng-ajêng kula ingkang sayêktos, namung dhêdhasar ananggulangi, awit ngêsorakên badan dhatêng mêngsah kanthi parêpatan ing Syanghai, tamtu badhe kadamêl ambruking praja. Tamtunipun wangsulan kados makatên punika têtêp dados wangsulaning prajurit, awit mênggahing prajurit, ingar-ingêring ginêm botên pinanggih wontên ing ucap, namung [na...]

--- 509 ---

[...mung] pinanggih wontên titising cangkêm sanjata lan mariyêm.

Makatên ugi mênggah raosing kabangsan, punika sumêbaripun pinanggih wontên ing golongan pintên-pintên, dening sadaya sami ngraosakên. Kados ingkang kapratelakakên ing nginggil punika, punika nama raos ingkang tuwuh saking rahing prajurit, lan nyata pancèn sampun ngawaki. Wontên malih raos ingkang tuwuh saking pamanahaning para mudha pangajaran, inggih punika para sêtudhèn, sanadyan nama taksih neneman, gampil kabranang ing manah, nanging nyatanipun sampun gadhah wawasan jêmbar, mila wêdaling rêmbagipun inggih sagêd angèlingi, kados ta rêmbag ing pakêmpalanipun para sêtudhèn ing Syanghai, botên anocogi dhatêng janji-janji ing bab kèndêling pêrang, ucapipun: Kula sadaya nyacad dhatêng sawarnining janji ing bab kèndêling pêrang, kados ta ing bab anggèning parentah nglilani Jêpan manggèn ing Wosung, Kiyan, Gwan tuwin sanès-sanèsipun, punika atêgês bilih kula sadaya suka panguwaos dhatêng Jêpan supados marentah dhatêng peranganing bumi Tiongkok. Bab punika para rakyat botên nayogyani sangêt. Ing ngriku katingal bilih para neneman wau ugi gadhah raos pamurina dhatêng ibu pratiwi.

[Grafik]

Panggenan ingkang risak dipun bom dening wadyabala Jêpan ing Sapèi.

Malah tumraping para among dagang, ugi botên tilar kaprayitnan, ambiyantu ngrêndhêtakên padaganganing mêngsah, awit mênggahing among dagang, rêndhêting lampah saèstu andayani, botên beda kados anglolos kêkiyataning kasarasan. Dados sadaya wau wosipun araos anggêlêngakên pambudi, murih andadosakên kasantosan.

Nanging tumraping Jêpan inggih botên wontên bedanipun, sadaya èwêd pakèwêd ingkang badhe damêl kapitunaning praja, inggih sami botên dipun ajêngi. Dene bab pakèwêding lampah padagangan, Jêpan inggih botên kirang margi sanèsipun, mokal yèn puruna narajang margi ingkang wontên êri borangipun, wusana wêdaling padagangan inggih taksih sagêd lumintu.

Cobi dipun êntosi, kadospundi pinanggihing pawartos ing sanès dintên malih.

--- 510 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS

TANAH NGRIKI

Susahipun ngupados têdha. Saking Sêmarang Aneta martosakên, Arbeidsbeurs ingriku badhe suka lantaran nyobi murih padamêlan jongos ing restotan "The Grill Room" dipun tindakakên dening para mudha Walandi Indo. Sêdya makatên punika botên mêngku kajêng punapa-punapa kajawi ngèngêti ing têmbe wingkingipun, nanging sêdyanipun wau murih para mudha Walandi Indo sagêda angsal panggêsangan kanthi tindak sae.

Salah satunggal kauntunganipun jaman mêlasasih, inggih punika raos rumaos anak Dewa, badhe saya suda, jalaran saking, cara Banyumasipun... kêncoting padharan.

Rantaman 1932. Miturut cariyosipun H.N. Sawatawis wulan ingkang kapêngkêr angsal-angsalanipun nagari tumrap taun punika sampun dipun têpsir kirang langkung wontên 305 yuta rupiah, namung miturut tapsiran enggal, angsal-angsalaning nagari botên langkung saking 275 yuta rupiyah. Dados sudanipun badhe kathah sangêt.

Salah wisselipun para ahli anggènipun andamêl rantaman badhe angsal-angsalanipun nagari ing taun 1932, punika botên kenging dipun paibên, tiyang jamanipun sawêg kados makatên. Dados têmtu angèl sangêt sagêdipun nyumêrêpi lêbêting arta ing sadèrèng-dèrèngipun. Ingkang pantês dipun paibên punika rak pun Petruk. Sadèrèng-dèrèngipun kados sampun nyumêrêpi angsalipun arta ing dalêm sawulanipun. Ewasamantên sarêng balanjanipun kacowok 10% têka sampun bingung botên kantênan. Manawi ing têmbe wontên cowokan malih, punapa botên sagêd dados jalaran, pun Petruk lajêng... ngêndhat?§ Lo, mbok aja nekad, ta! Red.

Sabên wontên sakeca ugi wontên ingkang sakit. Ajênging pirantos mêsin saya ngangsêg, kantor pangêcapan sami migunakakên mêsin pangêsetan, mêsin satunggal nyamèni kakiyatanipun tiyang wolu. Ing sapunika sampun kathah kantor pangêcapan ingkang migunakakên.

E, ladallah, kamajênganing techniek teka saya ngedap-edapi makatên. Danguning dangu saking majênging lampah techniek mbokmanawi lajêng wontên mêsin ingkang dados tukang lados. Têgêsipun: tiyang ngêmungakên linggih kemawon, jalaran saking mêsin wau, sêkul, gudhêg, opor ayam, tigan pindhang tanpa mawi dipun cêpêng malih sami mapan piyambak wontên ing sanginggiling lidhahipun tiyang.

Kongsi bis agêng Tan Lixe ing Surabaya tutup. kawartosakên, kongsi bis Tan Luxe ing Surabaya, ingkang misuwur agêng, sapunika katutup jalaran kêkathahan sambutan. Sambutanipun dhatêng firma Borneo Cy. f 100.000, sambutan bènsin f 80.000. Dèrèng sambutanipun pajêg. Tujunipun dipun tanggêl ing firma kêkalih.

Lo, samantên gawatipun tiyang lampah dagang ing jaman sapunika, botên dumèh katingalipun agêng, manawi dhumawah ing apês, inggih lajêng katingal agênging sambutanipun.

Kalawarti enggal. Wontên kalawarti enggal nama "Sinar Têgal" dipun pandhegani Tuwan S. Sastrasuwarna.

Wee, hla jamanipun rêmpiyêg-rêmpiyêk makatên, tuwuhing kalawarti têka ambrubul kemawon. Mugi-mugi sagêda sami angsal têba piyambak-piyambak

Lêrês mêlèsèt, nanging mêksa bathi. Wontên kabar, benjing taggal 12 wulan Mèi ing ngajêng punika para aandelhoudering N.V. Cultuur Maatschappij "Pasir Nangka" badhe ngawontênakên parêpatan. Ingriku badhe kasusulakên ambayar divinded taun 1931 agêngipun 15%.

Têgêsipun: aandelhouder ingkang gadhah arta wontên ing Maaschappij ngriku upaminipun f 100.- badhe sagêd narik f 15.- Samangke sintên ingkang mawi nyariyosakên, bilih ing jaman mêlasasih punika sadaya kabudidayan sami nungsang anjêmpalik?

Angsal-angsalanipun panyadean sarêm. Saking Kamal (Madura) kawartosakên bilih panyadean sarêm ing salêbêtipun tigang wulan ing taun punika, wiwit wulan Januari dumugi wulan Maart, angsal-angsalanipun kirang langkung 236.100 rupiyah. Ing salêbêtipun tigang wulan wau ing taun ingkang kapêngkêr, angsal-angsalanipun panyadean sarêm f 280.700. Dados angsal-angsalanipun panyadean sarêm ing taun punika cêtha suda sangêt.

Mênggah sabab-sababipun, dene panyadean sarêm suda, punika tumraping jaman samangke kados angèl gagapanipun. Saupamia ing jaman kina makatên, kados inggih gampil ngupados jalaranipun, inggih punika sabab saking kathahipun para satriya ingkang sami... " tapabrata" mutih tan pati gêni pitung dina pitung bêngi.

Pêpêsthèning punggawa pagantosan ingkang dipun wachtgeld. Kawartosakên ing Probolinggo wontên punggawa pagantosan cacah 5 dipun wachtgeld, wusana sapunika tampi dhawuh saking pangagêng kapurih dados agèn pulisi, manawi botên purun badhe ical wachtgellipun. Mangka balanjaning agèn pulisi punika taksih sangandhaping wachtgeld.

Lajêng kadospundi têka kados makatên.

Pangiritan ing pakaryan wana. Para pangagênging Boschwezen mêntas parêpatan ngrêmbag kaparênging parentah badhe nyuda houtvester cacah sapalihipun sadaya, kaparingan pènsiun utawi wachtgeld.

Pawartos kados makatên punika têmtu damêl sênik-sênikipun ingkang badhe kataman.

Pangiridan ing N.I.A.S. Para calon doktêr N.I.A.S. ing Surabaya ingkang angsal pambiyantu saking parentah, ing sapunika ugi kasuda 10%. Dene wragadipun sabên wulan f 60.

Sudaning wragad pitulungan wau têmtunipun inggih adamêl anjloging manah, nanging inggih botên sapintêna. Balik wartos ing bab badhe suwaking pamulanganipun, saèstu anuwuhakên panjêlèhing ngakathah, awit lajêng rumaos kecalan satunggaling margi ingkang ragi gampil, lan nyatanipun tumraping tiyang siti badhe anjangka nyakolahakên anak ingkang langkung inggil namung kandhêg ing gagasan.

Mustika santun ingkang gadhah. Kawartosakên, Mustika tuwin pangêcapan Muslim Indonesia sampun sampun kasade sarana lelang, sapunika dhawah Dr. Sukiman, rêgi f 2700.- kanthi ananggêl sambutan dhatêng Tetterode f 7500.- Bab padamêlan têtêp tumindak kados adat.

santuning lêlampahan punika mugi sagêda nyantuni kawontênan enggal, ingkang wohipun mikantuki dhatêng sadayanipun.

--- 511 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

10.

Manawi kawontênanipun kados makatên, inggih sampun, kapurih metang, sambutan kula pintên, supados kula sagêd nicil, ngêlongi balônja kula.

O, gèr, uwakmu mau ora rumasa motangake, lan kowe ora wajib nyaur awujud dhuwit, yèn utang kaya ngono mau kêna dibayar dhuwit, harak kapenak bae. Jênênge kowe iku utang budi, wajibe iya kudu nyaur budi. Dene sing bangêt agawe karasaning atiku, kuwi gêgayutane awakmu karo mas mantri guru, balanjane ora sapiraa, ewadene sabên sasi milu urun dhuwit kanggo maragadi sajrone kowe ana ing Batawi. Dhuwit mau, ora kok karêpe pakmu mantri dipotangake, mungguh sabênêre mung duwe pangarêp-arêp ngêpèk mantu kowe, diolèhake Si Sumarmi.

Adhuh, punapa lare ingkang janggiratan punika badhe dipun angsalakên kula.

Iya sing rene karo wakmu mantri lanang wedok dhèk biyèn kae, malah dhèk samana atine wakmu karasa-rasa, awit sajrone ana kene sajak ora kogape.

Kula rak sampun matur wongsal-wangsul, kula punika rumaos botên sagêd sêsrawungan kalihan tiyang kados makatên, awit rêmbagipun tansah anglêmpara.

O, hla, kapriye ta, gèr, uwakmu kuwi rak mantri guru, pintêr, wêruh nyang tatakrama, putus mênyang basa, anane ing nagara kene wis aran misuwur.

Hêh, pak mantri guru punika rak wêdalan pamulangan guru jaman kina, dèrèng dipun wulang basa Walandi.

Nanging wakmu mau rak jênêng wong tuwa, bênêre kowe kudu wêdi lan bêkti. Nanging barêng rawuh mrene niliki kaponakane, jêbul kaponakane mau wis dadi Lônda totok, lan kaponakane rumasa ora sae linggihan karo uwakne. Apa anèh saupama pakmu mantri mau gêrah panggalihe. Mula bab iku prêlu tak tuturake mênyang kowe. Baline pakmu mantri mau jênêng durung olèh rêmbug sing gumathok, ing bab anggone arêp ngêpèk mantu kowe, dadi aku wajib pitakon, aja mung kandhêg dadi pikiran bae. Kapriye gèr, apa kowe gêlêm tak jodhokake karo Sumarmi.

Sanalika Radèn Sumarta mirêng ngandikanipun ingkang ibu makatên wau, lajêng ngadêg kalihan gumujêng kêkêl, wusana lajêng wicantên: Kados makatên adatipun bôngsa kula Jawi: bu. Sabên tiyang sami gadhah kuwaos, badan kula ngantos dados gantosan, jalaran saking nyambut arta, kêpotangan budi. Sadaya namung nêdya ngêluk-êlukakên manahing tiyang, ingkang prêlunipun badhe dipun jodhokakên. Inggih tata ngadat ingkang kados makatên punika ingkang anjalari manah kula lajêng kêtarik dhatêng tatacara Walandi. Mênggahing Walandi, nalika lare, kulawarganipun namung pinanggih ing bapa biyung tuwin sadhèrèk. Manawi sampun ngumur, tumraping jêjodhoan wênang gadhah pamilih piyambak, tumrap kulawarga sanès-sanèsipun, botên kenging cawe-cawe. Manawi kulawarga wau botên mathuk, botên praduli. Dene manawi sampun kalampahan jêjodhoan, kulawarganipun inggih namung anak bojo. Nanging tumrapipun bôngsa kula, para sêpuh namung nêdya ngawonakên thok, tuwin botên wontên pêdhoting rêmbag, kados ta: dèrèng rabi, salêbêtipun jêjodhoan, ngantos dumugi badhe pêgatan pisan, tiyang sêpuh tansah ngêmori rêmbag kemawon, tur dèrèng tamtu lêrês ing pamanahanipun kados ingkang nglampahi.

Nanging: bu, sadaya wau botên kula manah, botên adamêl bingung kula, awit kula pancèn sampun nêdya misah kalihan sanak-sadhèrèk. Dene manawi ingkang sami potang, saya malih tumrap pak mantri guru, sami ngajêng-ajêng sauran, badhe kula cicil. Kalihan malih sambutan wau, ing ngajêng rak botên saking panêdha kula: ta.

Ing sapunika ing bab salakirabi, prêlunipun punapa ibu nyêkolahakên kula, bilih prêlunipun namung badhe anggathuk-gathukakên kalihan bôngsa piyambak. Hara cobi, pundi bôngsa kula ingkang kasagêdanipun angiribi kasagêdan kula.

O, gèr, kuwi rak mung jalaran saka durung kolakoni, mula bisa kôndha mangkono. Tinêmune ing saiki, rak akèh bocah-bocah sing wis padha sêkolah Mulo, sêkolah guru, sêkolah luhur lan liya-liyane.

Inggih wontên, nanging ingkang kathah sawêg sagêd basa Walandi kemawon, tumraping têtiyang pakampungan, wah lajêng dipun umbul-umbulakên sangêt. Nanging mênggahing kasagêdan yêktos, ingkang bôngsa Walandi mastani algemeene ontwikkeling punika namung pinanggih ing tiyang wêdalan H.B.S. kemawon, tuwin ingkang sampun têtunggilan kalihan bôngsa Walandi. O, inggih tiwas kula matura kathah-kathah, ibu môngsa mangrêtosa, awit kathah atur kula ingkang ngangge basa Walandi, môngka kula botên mangrêtos têgêsipun ing basa Jawi. Mênggah kajêng kula, kula badhe rabi kanthi katrêsnan, awit namung katrêsnan ingkang badhe sagêd nyampurnakakên raosing salakirabi. Dados caraning lakirabinipun bôngsa Jawi, punika nyulayani [nyula...]

--- 512 ---

[...yani] sangêt kalihan raosing wulangan kilenan.

Manawi Radèn Sumarta sampun ginêman kados makatên punika, ingkang ibu namung kèndêl kemawon. Awit saupami badhe mangsuli sampun botên sagêd, saking botên wontên sêlanipun. Lan saupami kalampahan dipun wangsuli, Radèn Sumarta lajêng ngatingalakên anggèning inggil sêsêrêpanipun, saha lajêng ngrèmèhakên dhatêng tiyang sêpuh.

Bilih Radèn Ayu Prawira mirêng ginêm kados makatên punika lajêng namung kèndêl kalihan muwun, saha ngrumaosi dhatêng pêpasthèn ing bab anggèning gadhah anak pintêr punika.

Cupêting ginêm ingkang kados makatên punika, botên sanès namung kapênggak dening tangis, tuwin botên namung sapisan punika kemawon. Nanging karaosing panggalihipun Radèn Ayu Prawira, botên kados sagêdhagan punika. Ing galih sampun rumaos, bilih anggèning ginêman dipun panjang-panjangakên, namung badhe adamêl kasusahan kemawon, inggih kadospundi malih, kêdah namung narimah. Raos gêrahing panggalih tansah dhêdhasari sabar, awit mênggahing biyung botên nêdya sampun-sampun anggèning badhe andandosi risaking anak, dhasar putranipun Radèn Ayu Prawira namung satunggal thil punika. Lan malih ingkang tumanêm dados raosing panggalih, ing bab anggèning dèrèng ngaturi katrangan dhatêng ingkang raka radèn ngabèi mantri guru, malah wangsulipun kanthi gêrahing panggalih. Inggih namung bab punika ingkang rêmbagipun badhe dipun matêngakên.

O, botên pantês mênggahing anak ngantos ngasari rêmbag dhatêng biyung, sanadyan biyungipun tiyang alit pisan, pantês dipun aosi.

4. Raos kasamaran

Amangsuli ingkang sampun kacariyos ing ngajêng, ing sadalu muput Nonah Dhorah tilêmipun namung dhat-dhatan kemawon, ing batos tansah thak-thik anggagas, Radèn Sumarta punika trêsna sayêktos punapa botên. Cipta makatên wau sajatosipun sampun limrah, pinanggihing manahipun tiyang ingkang rangu-rangu, nanging ing batos angajêngi. Kajawi punika ugi tansah mirêng suwara ingkang kacakrabawa, dene tumrapipun Nonah Dhorah, suwara ingkang kacakrabawa wau mungêl: ora bisa, anak Walônda jêjodhoan karo anake wong Jawa. Nanging lajêng wontên panyakrabawa: sanadyan wonga Jawa kae, bisa bae hake dipadhakake kaya Walônda. Tiyang inggih gagasan dipun udhar, tamtu ngômbra-ômbra.

Sasampunipun makatên, Nonah Dhorah lajêng anggagas ngawontênakên panyôndra ing bab kawontênanipun Radèn Sumarta, dipun gagapi wiwit lair ngantos dumugi batosipun. Gagasanipun: Radèn Sumarta punika bagus, pakulitanipun sairib Walandi, nyêbal saking pakulitan Jawi. Wêwatêkanipun gêthing dhatêng bangsanipun piyambak. Sêsêrêpan, solah-tingkah tuwin wêwatêkanipun sampun kados tiyang kilenan. Saupami Radèn Sumarta punika botên têtunggilan kalihan ibunipun ingkang anjawèni sangêt punika, tamtu dipun kintên sanès Jawi. Tuwin jalaran saking anggènipun gêthing dhatêng bangsanipun piyambak punika, piyambakipin tamtu rêmên dipun samèkakên kados bôngsa Eropah. Tumrap padamêlanipun, nama padamêlan Walandi, dados saupami sampun dipun samèkakên kados bôngsa Eropah, gampil sagêdipun manggih pangkat ingkang langkung inggil.

Sanadyan gagasanipun Nonah Dhorah sampun mulur samantên, ewadene tansah grag-grêg, malah sok lajêng dipun papas: Botên, botên, Radèn Sumarta têtêp namung dados mitra sajati. Nanging pamigihpamanggih. makatên wau asring nuwuhakên pitakenan: punapa yêktos.

Wontênipun Nonah Dhorah gadhah gagasan makatên, awit anggènipun kulina kalihan Radèn Sumarta sampun wiwit sangkaning alit, inggih kancanipun dolan. Nalika sami wontên pamulangan andhap, Radèn Sumarta dipun anggêp kados sadhèrèkipun sêpuh, sabên-sabên murinani ing kalanipun Nonah Dhorah dipun beda ing lare-lare jalêr. Sarêng Nonah Dhorah wontên ing Batawi, mênangi Radèn Sumarta nêm wulan, lajêng pêpisahan, awit Radèn Sumarta lajêng wangsul. Dene salêbêtipun nêm wulan wau, sagêd pêpanggihan kaping tiga. Lajêng pêt, botên kintun-kinintun sêrat. Sasampunipun punika, sagêdipun pêpanggihan namung manawi nuju liburan, inggih lajêng kulina kados adat.

Nanging sarêng Nonah Dhorah sampun diwasa, inggih punika sarêng sampun malêbêt dhatêng H.B.S. pakulinan ingkang kados makatên punika lajêng dipun suda, prêlu kangge ngrêksa prajanipun, makatên malih manggènipun wontên ing nagari alit, wontênipun namung sarwa katingal.

Nonah Dhorah anggèning dhatêng griyanipun Radèn Sumarta namung kala-kala, tur inggih ambêkta kônca, makatên ugi manawi mlampah-mlampah kalihan Radèn Sumarta, tamtu ambêkta kanthi. Tindak makatên wau namung prêlu kangge anjagi ucaping tiyang, awit mênggahing bôngsa Jawi, pasrawunganing jalêr èstri neneman, dipun anggêp marojol, manawi tumrap tatacaranipun piyambak makatên, nama dede punapa-punapa.

Tumrapipun Radèn Sumarta samantên ugi, tangkêpipun dhatêng Nonah Dhorah inggih kados sadhèrèk yêktos, nanging salêbêtipun liburan punika, saya malih sarêng pêpanggihan ingkang kantun piyambak punika, solah-tingkahipun têka nganyar-anyari. Makatên ugi kala pêpanggihan wontên ing papan tenis nalika Radèn Sumarta nyandhak tanganipun Nonah Dhorah, badhe dipun tèmpèlakên ing irung, punika dados pratôndha sanès supêkêting sadhèrèk, mila nalika kasumêrêpan ing tiyang sanès, Nonah Dhorah sakalangkung anjanggirat. Ewadene raos kasamaran wau malah tansah nabêt wontên ing manah. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 34-35, 21 Bêsar Je 1862, 28 April 1932, Taun VII.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [529] ---

Ôngka 34-35, 21 Bêsar Je 1862, 28 April 1932, Taun VII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Paduka Prinsès Juliana

[Grafik]

Ing dintên Sabtu tanggal kaping 30 wulan April 1932 punika, kalêrês wiyosan dalêm Prinsès Juliana. Gambaripun ingkang wêkasan piyambak, kados ing nginggil punika, ingkang sisih kiwa.

--- 530 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Tatakrama

IX.

Petruk : Kang Garèng, saiki rungokna tak caritani mungguh sing diarani: kêdaling wicara, yaiku: kudu bisa nuju lan ngêmori rêmbug, saolèh-olèh rêmbuge kudu kanthi pikiran, kudu nuju prana, aja ambêngkunung, aja lêlamisan, aja...

[Grafik]

Garèng : Mêngko sik, Truk, sarèh, sarèh, ana kok banjur andrêmimil kaya wong wadon sing nômpa blanjane sing lanang kang ora ganêp kae. Rak iya saka siji, Truk, dadi bisa cêtha. Sabisa-bisa rak kudu diurutake, kaya ta: saiki kudu ngrêmbug dhisik sing kok arani: kudu bisa nuju lan ngêmori rêmbug. Wah, kiyi sanyatane angèl bangêt, awit sanadyan mung rêrêmbugan, siji-sijining wong kuwi duwe kêkarêman dhewe-dhewe. Mulane yèn arêp rêrêmbugan karo wong kudu diati-ati, aja mung arêp ngrungokake suwarane dhewe bae, yèn kowe durung wêruh sing dadi kêkarêmane sing kok ajak omong mau. Wong aku dhewe wis tau ngalami, Truk, saka bungah-bungahku olèh kabêgjan, kuwi sabên uwong tak caritani. Hla, kiyi mèh bae aku cilaka, yaiku ana dhayoh sing aku durung pati têpung. Sauwise tak lênggahake lan tak bagèkake, aku iya banjur carita kabêgjanku mangkene: wah, mas, bêgjaning tiyang niku kok botên kenging kinintên-kintên. Ênggih sêg malêm Minggu nika, gawan kula mung f 5.- thik dijak kat-katan f 25.-, sarèhning isin yèn nganti kula botên saguh, ênggih kula tandangi mawon. Barêng êmpun rong kubêngan, sangu kula êmpun pêdhot, nanging mêksa kula banjurake, nèk-nèke mangke kêrtune [kêr...]

--- 531 ---

[...tune] bisa urip, dumadakan, barêng sakubêngan malih, turne cêki kula êmpun mati sêtunggil, dilalah sarêng nguthut malih, jêbul: plengah, kathik labas... raja. Wah, ênggih têrus narik sathekruk mawon, wiwit niku, cêkake wahyu widayat dumunung ontên kula, nganti ulih kula bisa anggotong yatra kurang kapat sasur gelo kemawon gênêp cêpèk. Sing tak ajaki omong mau Truk, iya mung ênggah-ênggih bae, nanging barêng esuke, aku jêbul ditimbali nyang kabupatèn, ana ing kono aku tômpa dêdukan sing sasayahira kae, dielingake anane sirkulèr sing nglarangi priyayi main, kanthi diancam, yèn nganti dipindhoni, bakal olèh layang mêrtega alias dilêpas. Hara, apa ora kojur, ora ngrêtia yèn sing tak ajaki omong mau jêbul bangsane... coro.

Petruk : Wiyah, ambok aja sok dhêmên mêmoyok. Mula iya nyata angèl bangêt bisane nuju lan ngêmori rêmbug kuwi, apa manèh tumrape jaman saiki, ora ngêmungake angèl bangêt bae, nanging iya kudu ngati-ati têmênan. Wong jaman saiki kiyi jaman paido-paidonan. Nèk sing dianggo jêjêr rêrêmbugan kuwi upamane pêpanganan, ana sing ngunèkake jarene kaya... celengan, sing dirêmbug ora ana liya kajaba arêp mrada... têlèke dhewe. Nèk ngrêmbug ing bab kasênêngan utawa karoyalan, jarene dudu anake bapakne, nanging anaking... setan, têgêse panyiptane bapakne dhèk biyèn, ora sarana tapabrata, nanging kadêrêng saka krêsaning bêndara bèi... dhêmit, mulane barêng dadi wong mung tansah anuruti pangojok-ojoking setan, nèk arêp ngrêmbug bab kasampurnaning wong ngaurip, jarene bôngsa... majênun, apa manèh nèk rêmbugan sing gêgayutan karo prakara pulitik, wah, hla kuwi tobat mêncit têmênan, jalaran, nèk ancase alus, jarene nyara ulêr kambang, nèk kêras, diunèkake: kuminis, nèk sungkan ngomongake prakara pulitik, diarani bangsane... togog. Mulane bêciking bêcik kuwi kanggone saiki, ngukuhi paribasan Walônda sing unine kira-kira mangkene kae: omong iku pêpindhane salaka, nanging mênêng iku êmas. Dadi karêpe: sabêcik-bêcikane ngomong, rak luwih bêcik mênêng bae.

Garèng : Nanging Truk, nèk ana ing sajêroning kêkumpulan, kok tungkul mênêng bae, mêngko gèk diarani: pènsiunan... gondhol wewe. Mulane nèk mungguhing aku mêksa isih dhêmên nêtêpi piwulange para sêpuh, bisaa manjing ajur ajèr, utawa mêncala putra mêncala putri, têgêse: bisa ngumpuli sadhengah uwong, ora prêduli bangsane priyayi, sudagar, santri, gêntho utawa pulitikus pisan. Kiraku iya sing watak mêngkono kuwi, sing bisa slamêt uripe. Saiki omongmu ing ngarêp sing ngunèkake: saolèh-olèh rêmbuge kudu kanthi pikiran. Yak, hla nèk kiyi rak iya wis mêsthi bae ta Truk. Nèk rêrêmbugan, kok pikirane dislêmpitake pagêr upamane, mêsthine wêtuning têmbung rak iya calêmang-calêmong kaya wong kêtagihan impling. Sabanjure [Sabanjur...]

--- 532 ---

[...e] kowe ngomengake:ngomongake. kudu nuju prana. Wèh, Truk, nèk cara jaman saiki kok bisa mêngkono, sanalika bae banjur olèh titêl: ahli... golèk pêndhok, kaya ta upamane mangkene, dupèh sèpe utawa lurahe sing kôndha: apa gawene pênuntun-pênuntun pakumpulan kuwi, rak mung bêngak-bêngok tanpa isi, amrihe cikbèn diprêcaya dening wong-wong bodho sing jarene dituntun mau, nanging iya ora jênêng nuntan-nuntun, sabênêre rak arêp anjêburake ana ing naraka kasangsaran. Dene sing diajak rêrasan karo panggêdhe sêmprul mau, ing sarèhne kêpengin nuju prana, banjur amangsuli: mila inggih kasinggihan pangandika panjênêngan, kangjêng tuwan. Hara wong sing kaya ngono kuwi, apa ora kêna diarani ahli golèk pêndhok. Ukumane apês ambalêbês kudu digantung kaping pitulikur sadina.

Petruk : Lo, ora mêngkono sing diarani nuju prana kuwi, sabênêre sing dak arani nuju prana mau: wong sing bisa gawe lêjare utawa padhange atining liyan, yaiku sing prasasat bisa awèh pêpadhang marang pêpêtênging ati. Dadi karêpe ya wong sing wicaksanèng budi. Wis, wis, Kang Garèng, rêmbugane padha dilèrèni samene bae dhisik, liya dina padha dibanjurake manèh.

Eropah

[Grafik]

Pêthi layonipun Tuwan Ivar Kreugen ingkang gadhah pabrik rèk, cap balon ing Swidhên, tilar donya wontên Paris, nalika kainggahakên dhatêng sêpur, Paris-Hambêrêh, badhe kabêkta saha kakubur ing Stockhlom.

--- 533 ---

Kawruh Padhalangan

Ringkêsaning Kawruh Padhalangan Ringgit Purwa ing Surakarta

Sambêtipun Kajawèn nomêr 32.

Ka. Ucap-ucap pandhita.

Ngartawu.

Ing pratapan Satasrêngga iya ing wukir Ngartawu sawêwêngkone pacrabakan dahat asri araras, tataning taman-taman katanêman, atap sagunging sêkar kang endah-endah, gumônda nanduki grana amrik arum angambar-ambar. Èrèng-èrèng iringing pakarangan sinidhang-sidhang marga pating dalèrèh. Têtêbakaning patamanan tinon kadi babut kêmbangan.

Ing bale pacrabakan tuwin sanggar palanggatan katon munggul angegla luminggu arêgu. Kukusing ratus dupa wêwangi kumêlun mulêg muluk ing antariksa, kongas gandane ngèbêgi desa mônca pat mônca lima.

Ing sanggar palanggatan kêkuwunging kawingitan sakalangkung gawat kaliwat-liwat. Kathah cahya teja andaru pating calorot pating galêbyur. Sagunging ibêr-ibêran, kaga garudha sapadha-padhane, yèn ngungkuli ing palanggatan sayêkti tiba kumlumbruk kadi kêna sêsanglad, sanadyan para dewa dèwi, widyadara widyadari, gandarwa gandarwi, sarta jim pêri prayangan, yèn lumawad ora wani ngungkuli pacrabakan, sami nyimpang nyalimpang têbih, saking dahat luhur prabawane sang maharêsi. Sagunging titah madyapada tuwin sato sabawa, kutu-kutu walang-ataga, yaksa pisaca lan bangsaning lêlêmbut sami kèdhêp makidhupuh, nora ana wani anjêjadha. Manawa ana kang wani dêksura amasthi sirna wêdrah lêbur tanpa dadi.

[Grafik]

Pasuryane wingit tumeja wêning...

Sintên jêjuluke sang pandhita: Sang Bagawan Krêsna Dwepayana, Sang Wyasa, Sang Byasa, Sang Gôndawatiputra iyangiya. Sang Parasaraputra. Bagawan Wyasa nyata pandhita luhur utama alingga jawata purba. Pasuryane suci wingit tumeja wêning, cahyaning prabawa sumundhul ing antariksa. Sang pandhita sajati wus purna sidhi wisudha nunggal kaanan kalawan Sang Hyang Suksma Kawêkas. Ananging sinamun tansah muja samadi ngugêmi

--- 534 ---

ngagêm agama, marma saya katongton luhuring prabawa. Sang yogi wus soca bathara. Pirsa panduk pandoning dumadi, wêwadining bawana wus nora kasamaran. Putus mumpuni widagdèng widining catur weda. Rêgwêda, Ksamaweda, Yajurweda, Atarwaweda, wus kagêm kagêlung ginulangake para siswa.

Apa kang aran Rêgweda: ngèlmu kang ngêmot sakèhing japa-japa mantrastuti. Ksamaweda: angêmot puja pangastawa rinakit kalawan kidung pralambang, sarta angêmot patrap jantraning yoga samadi. Yajurweda: angêmot sagunging sêsaji paliyasan, sawarnining mêmule ing saindênging tri bawana. Atarwaweda: angêmot sakèhing daya-daya guna dhêsthi sapanunggalane.

Siswane sang maha pandhita ora angêmungake para wiku biksu, ajar cantrik manguyu jêjanggan, puthut tunggul paragak tuwin indhung-indhung endhang bidhang dhayang abêt ubon-ubon, sanajan para banija, nakoda dhampu awang tuwin para punggawa narapraja, satriya putra lan putri minggah dumugi para nata binathara sami puruita dadi siswa sajati susêtya.

Ing nalika punika sang maha rarêsi sawêg lênggah wontên samadyaning made pamidikan, kaadhêp... (namaning satraya).satriya.

[Grafik]

Yèn gajah lumrah glombroh-glombroh...

Da. Ucap-ucapan gajah

Kyai Puspadênta pranyata gajah dibya sakti gagala, pantês titihane nata Madura, sêmbada kalawan wujude. Yèn gajah lumrah glombroh-glombroh pating glidhêr, yèn PuspadênkaPuspadênta. ora, jarot singsêt kadagingan, yèn uwonga mêthokol otot kawêtu.

--- 535 ---

Puspadênta mung kacèk ora bisa tata jalma, nanging graitane lantip trampil awas marang sasmita. Apa pêpanganane Puspadênta: yèn gajah lumrah panganane dêbog sukêt, klaras, kêlaipe uwuh anggrah-anggrah iya doyan. Yèn Puspadênta ora watak. Yèn esuk sarapan gandhos êndhog têlung jodhang nganggo lawuh asinan lidhah acar, sambêl gorèng utak rong jodhang. Ngombene wedang tèh ora doyan, sing dikarêmi wedang soklat karo susu rum sing kênthêl rong tong, yèn kurang angêt sathithik wae banjur disemplang. Yèn mangan Kyai Puspadênta bêras bêndha godhong salawe bodhag, lawuhe ora pati warna-warna, mung dhèndhèng lêmungsir, pindhang banyak, sambêl gorèng èbi, êndhog dadaran urang, blêbêt tômbra, ora kèri êmpal lidhah, akèhe sapuluh jodhang. Yèn sakira prungsang nganggo jangan tim dara lan garangasêm babon têlung wajan pabrik. Banjur glègèkên kaya gludhug môngsa kapat. Ombèn-ombenane yèn gajah lumrah mung banyu tawa, banyu kali, kêlaipe banyu kalèn iya doyan. Yèn Puspadênta ora, ombèn-ombenane brèndhi likir, gura lan anggur malaga sapuluh tong. Panggêngane wedang tèh sucong dirêndhêm ès.

Samana Kyai Puspadênta katimbalan mangayun badhe tinitihan. Sampun binusanan abra mubyar, palana lêlawak baludru abang tinêmlok sotya bèrêm mas. Gadhing cinathok-cathok kancana silih asih, têlale ginubêd-gubêd sutra kêling môncawarna sarwi angundha-undha candrasa, molah angoling-aling kadi nagaraja. Murub mubyar busanane Puspadênta tinon saking mandrawa kaya gunung kobar.

Sanalika sinasmitan lajêng ngoling anjêrum amungkur lumaku tinitihana.

Indhiya Inggris

[Grafik]

Pulisi ing Indhiya Inggris nuju ambibarakên arak-arakan, ingkang dipun wontênakên dening kulawarga konggrès.

--- 536 ---

Nagari Ngamônca

Pasulayan Jêpan kalihan Tiongkok

Kawontênanipun rêmbag padhamèn, sanadyan dintênipun sampun mindhak, nanging saupami tiyang lumampah inggih taksih ajêg botên napakakên jangkah. Inggih nama pasulayan makatên, wontênipun namung sarwa sujana-sinujanan, kados ta nalika Tiongkok ngangsêg rêmbag dhatêng polkênbon, Jêpan lajêng sujana, ngintên manawi Tiongkok gadhah manah botên jujur, wontênipun kenging panggrayangan kados makatên, amargi ing sadèrèngipun, Tiongkok botên angabari dhatêng konpêrènsi ing Syanghai rumiyin. Makatên ugi kosokwangsulipun, Tiongkok inggih gadhah pandakwa ingkang salaras kados makatên. Tamtu kemawon wartos kados makatên punika inggih lajêng sumêbar waradin dumugi pundi-pundi.

Manawi dipun manah makatên, pinanggihipun wontên ing môngsa paprangan, ewah-ewahan praja punika gampil sangêt dipun eguhakên, tumrap jajahan kapengin badhe mardika, pinanggihipun ugi sagêd kalampahan, upaminipun Mansuriah. Nanging sarèhning ewah-ewahan wau pinanggih wontên ing kalamôngsa kados makatên, ugi lajêng wontên sanèsipun ingkang kapengin, kados ta propènsi Hèi Lung Kiyang, inggih nêdya madêg pribadi. Dados manawi makatên, kamardikan punika tansah dados pêpenginan.

Sarèhning kawontênan ing papan paprangan punika isi lêlampahan warni-warni, tindak dakwa-dinakwa inggih tansah wontên kemawon, kados ta ing Arbin, mêntas pinanggih wontên barang ingkang sagêd anjêblos, dipun pasang wontên ing sangandhaping krêtêg margi sêpur ing lèpèn Sungari. Bab punika lajêng pangagêng Jêpan tuwin Mansuriah lajêng gadhah pandakwa bilih saking pandamêlipun Sopyèt Ruslan, wusana lajêng wontên dhawuh gledhah dhatêng griya-griyanipun bôngsa Sopyèt ing Arbin tuwin tiyangipun dipun cêpêngi.

Tindak kados makatên punika tamtu kemawon lajêng nuwuhakên panduwa, ingkang araos ngrêsikakên badan, Sopyèt botên purun dipun dakwa awon, lajêng gadhah pandakwa manawi bab wau kintên-kintên saking pandamêlipun bôngsa Rus pêthak, ingkang gadhah sêdya badhe ngabên Jêpan kalihan Rus. Kajawi punika Rus ugi jawab botên gadhah sêdya makatên, awit sawarnining tindak pangrisak, punika tamtu botên atilar beya, môngka mênggahing nyatanipun, Rus piyambak prêlu ambêtahakên arta. Bab punika lajêng katingal, bilih tumraping golongan wau lajêng kêtuwuhan manah prayitna. Lan malih sadaya-sadaya wosipun sami botên tilar kamelikan, mila Rus lajêng gadhah rêmbag kalihan paprentahan Mansuriah enggal, badhe nêpangakên rêmbag, supados Jêpan ngicalakên èwêd-pakèwêd lêlayananipun kalihan paprentahan enggal wau, murih sami manggih karaharjan dhatêng sadayanipun.

Upami wiji ingkang sampun kalajêng dhumêdhêr, punika li-

--- [537] ---

[Grafik]

Untabing têtiyang ingkang ngungsi pados panggenan saking Sapei.

--- 538 ---

mrah sok lajêng thukul, inggih punika ing Hèi Lung Kiyang wontên ura-uru ingkang ngêgèt, saperanganing margi sêpur ing laladan ngriku wontên ingkang mawut dening dipun bom, ngantos angêndhêgakên lampah. Ing ngriku Jêpan lajêng gugup apacak baris pintên-pintên pôntha. Sapunika Tiongkok lajêng nuding dhatêng Jêpan, tuwuhing pandamêl ingkang kados makatên wau tamtu jalaran saking anggèning Jêpan mêntas nyêpêngi têtiyang Sopyèt ingkang gêgayutan pandakwa bab kawontênan ing krêtêg lèpèn Sungari. Wêkasan pinanggihipun lajêng sami ngagêngakên kaprayitnan.

Sapunika sampun saya katingal bilih wontên pang pasulayan ingkang tuwuh malih, Jêpan katingal sangêt anggèning pasang kaprayitnan, kapal-kapal pêrang Jêpan tansah wira-wiri nganglangi lautan ingkang kamanah adamêl kasamaran, wosipun anyujanani dhatêng Ruslan.

Jagad manawi badhe rame, inggih wontên-wontên kemawon.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 5010 (t. Soemoatmodjo) dumugi 31/12-'32.

Lêngganan nomêr 2713 (t. M.Ng. Djogowitjitro), f 4.50 punika cêkap dumugi 31 Januari 1933.

Lêngganan nomêr 4332 (t. R. Semedihartono), lêngganan kapetang wiwit 1 April.

Lêngganan nomêr 124 (t. Sastrawijoto), kêlungsèn sangêt anggèn panjênêngan paring priksa.

Lêngganan nomêr 2936 (t. H.Moh. Moekmin), lêrês panjênêngan sampun ambayar. Blangko kenging kagêm sanès dintên.

Lêngganan nomêr 4332 (t. R. Semedihartono), lêngganan kapetang wiwit 1 April.

[Iklan]

--- 539 ---

Bêna ing lèpèn Bathang

Para maos tamtunipun sampun botên kêkilapan dhatêng pawartos ing bab bêna ing lèpèn Bathang, awit pawartosipun sampun sumêbar dumugi pundi-pundi. Nanging kados inggih dèrèng tamtu para maos wau sampun nguningani dhatêng panggenan tilas ingkang kêbênan. Mila ing ngriki prêlu nyariyosakên kawontênaning bêna wau sawatawis, kanthi ngêwrat gambar-gambaripun.

[Grafik]

Krêtêg tembok ingkang kuwawi nanggulangi bêna, namung karisakan ing perangan nginggil.

[Grafik]

Sela agêng ingkang kentir ing toya.

Mênggah bêna ingkang kados makatên punika limrahipun dipun wastani bêna ladhu, awit lampahing toya santêr kanthi ambêkta ladhu, inggih punika toya ingkang kamoran êndhut ingkang warninipun ngantos abrit. Dene bêna kados makatên punika pinanggih ing lèpèn agêng ingkang cêlak parêdèn. Ing kalamangsanipun toya dhatêng, suwaranipun gumludhug kumrasak, awit lampahing toya sakalangkung santêr, ambêkta sela agêng-agêng katut gumalundhung anut ilining toya.

Kados ingkang pinanggih bêna ing lèpèn Bathang wau, dhatêngipun sakalangkung angêgèt, tur mênggah sajatosipun, ugi sampun dipun wontênakên pajagèn, ingkang prêlu badhe suka sasmita samôngsa wontên bêna, dados ing sadèrèngipun, ugi sampun ngawontênakên kaprayitnan. Nanging wantunipun bêna ingkang kados makatên punika pancèn anggêgirisi, mila sanadyan wontêna têngara kênthong titir, tumundhaning sasmitanipun sampun dipun sarêngi [sa...]

--- 540 ---

[...rêngi] dhatênging toya, ingkang tumêmpuhipun dhatêng padhusunan kados tanpa antan-antan, tuwin papan ingkang dipun trajang wau inggih botên mawi pilih-pilih, wêkasanipun ngantos adamêl kapitunan kathah, wontên ingkang awarni sabin, griya-griya dalah padhusunanipun pisan, dipun rampêt tanpa tampik lajêng dipun êlêbi.

[Grafik]

Margi sêpuh N.I.S. ingkang risak katêmpuh ing bêna.

Ing sakala ngriku têtiyangipun sami ngili dadakan, ngantos supe dhatêng bale griya tuwin rajadarbèkipun. Ing nalikanipun toya taksih tumêmpuh, ing papan ingkang katrajang, katingal ambalabar kados sagantên, nanging sarêng sampun angok ngantos dumugining asat, tilas-tilasing toya wau lajêng pating janggêlêg wontên selanipun.

[Grafik]

Dhusun ingkang sipatipun santun dados papan panggenan sela.

Ing ngriku lajêng katingal papan-papan ingkang karisakan jalaran kêtêmpuh ing bêna, saha sagêd ngintên dhatêng karosaning toya nalika nêmpuh, sabin-sabin ingkang kurugan wêdhi ngantos pintên-pintên pandêlêng, dhusun-dhusun ingkang rumiyin katingal asri, asantun wujud dados papan ingkang kèbêkan sela agêng-agêng tanpa wicalan. Mênggah gênging sela-sela wau wontên ingkang ngantos anggawokakên, awit saupami sela wau dipun usung ing tiyang, kangkatipun botên tarimah tiyang dasanan kemawon, sagêd ugi ngantos atusan. Kawontênan kados makatên punika tumrap ingkang taksih ngawontênakên gugon tuhon, lajêng anggadhahi panganggêp, bilih lampahing sela wau dipun bêkta ing lêlêmbat, saya malih ngèngêti pinangkanipun saking rêdi Marapi, ingkang pancèn misuwur panggenaning lêlêmbat. Nanging umumipun wontên ing jaman sapunika, pamanggih ingkang kados makatên punika sampun tinêbihakên, linintu ing piandêl, bilih sadaya pinanggih saking daya karosaning toya.

Sayêktosipun lèpèn Bathang punika pancèn damêlipun [damê...]

--- 541 ---

[...lipun] bêna, nanging bêna sagêdhagan punika agêngipun ngantos ambal-ambalan. Mirid kawontênaning bêna ingkang asring pinanggih ing ngriku, lajêng nuwuhakên rekadaya santosaning krêtêg-krêtêg ingkang asring tinêmpuh ing bêna. Kados ta krêtêg antawising margi saking Ngayogya dhatêng Magêlang, punika yasanipun Ir. P.A. Halen kala ing taun 1859, mênggah kasantosanipun kenging dipun pitados yêktos, tandhanipun ngantos sapriki taksih sae, malah kala bêna punika ugi kuwawi nanggulangi panêmpuhing toya, namung wontên ingkang risak sawatawis.

[Grafik]

Agênging bêna sagêd nitik dhatêng wujud ing nginggil punika.

Pinanggihing sawangan ing sabibaripun bêna, ing pundi-pundi katingal namung damêl trênyuh, kados ta pasabinan ingkang rumiyin katingal nêngsêmakên, lajêng santun awarni sela pating jênggunuk tuwin wêdhi. Padhusunan katingal suwung, têtiyangipun sami ngili, katingalipun kados dhusun ingkang sampun dipun tilar têtaunan.

Makatên ugi margi ingkang rumiyin rame, lajêng dados sêpên nyênyêt. Dene têtiyang ingkang sami dhatêng ing ngriku, namung para layat kasangsaran.

Karisakan ingkang jalaranipun saking bêna punika, pinanggih ing pintên-pintên panggenan, kados ta padhusunan, margi-margi, sabin, margi sêpur, krêtêg-krêtêg tuwin sanès-sanèsipun. Ing wêkdal punika, ingkang wajib sawêg srêmpêngan nindakakên rêrigên andandosi karisakan wau, tuwin nindakakên pitulungan dhatêng para têtiyang ingkang sami kasangsaran.

Wusana pinuji mugi sadaya tumuntêna sagêd manggih pitulungan.

--- 542 ---

Kawruh Sawatawis

Minggah sarta Surutipun Toya Sagantên

Redhaksi Kajawèn tampi panjurung saking Tuwan Pardi, upsir lautan ing kapal satêngah gupêrmèn. Tuwan wau salajêngipun badhe kaparêng manjurung kangge isining Kajawèn. Ingkang punika redhaksi Kajawèn ngaturakên gênging panuwun.

Dene gambaripun Tuwan Pardi wau kados ingkang dipun êwrat ing karangan punika.

[Grafik]

Ing ngriki prêlu nyariyosakên sakêdhik, bilih padamêlan dados upsir lautan punika, tumraping golongan tiyang siti, pinanggih taksih lôngka, lan malih ing sapunika pamulangan wau sampun kasuwak.

Andharaning karanganipun Tuwan Pardi kados ing ngandhap punika:

Sintên ingkang sampun nate priksa palabuhan utawi sungapan lèpèn cakêt ing sagantên, sagêd anyumêrêpi manawi toya sagantên punika minggah sarta surut. Minggah ingkang dados jalaranipun inggih punika srêngenge kalihan rêmbulan, para ahli maos pangintên kula sagêd anyumêrêpi, manawi donya punika bundêr, dipun kêpung toya kalihan siti, mênggah wiyaripun siti kintên-kintên sapêrtiganipun toya, dados toya sagantên wau kadosdene dipun tarik dening srêngenge kalihan rêmbulan. Mênggah sagêdipun cêtha kados gambar punika.

Kala jaman rumiyin botên wontên tiyang ingkang sagêd anyumêrêpi bab prakawis punika, ngantos para sarjana saking nagari pundi-pundi sami ambudidaya madosi jalaripunjalaranipun. minggah satasarta. suruting toya sagantên wau, ngantos pintên-pintên taun laminipun, dene ing Indhiya ngriki ingkang ambudidaya bab punika inggih punika Tuwan Dr. van der Stok, kala rumiyin Hoofd van het Magnetisch en Meteorologisch Observatorium ing Batawi.

Ananging ing sapunika sampun kathah ingkang dipun sumêrêpi, ngantos sagêd mêsthèkakên wancinipun minggah sarta suruting surya sagantên wau, mawi petangan. Tumrapipun ing tanah ngriki, sagêd anyumêrêpi petangan kados makatên punika, kathah sangêt pigunanipun, amargi kados ta: kangge kapal-kapal ingkang badhe malêbêt ing palabuhan utawi ing lèpèn agêng, manawi ing panggenan wau toyanipun cèthèk, sampun têmtu manawi kapal wau botên sagêd malêbêt, dados kapêksa ngêntosi minggahing toya sagantên. Dados kangge para dagang gunanipun kathah sangêt. Punapa malih ing kikis Sumatra Wetan sarta ing Borneo, mèh sadaya sungapan lèpèn ingkang agêng-agêng kathah ingkang cèthèk.

Mênggah minggahing toya wau ing satunggal-tunggaling panggenan [pang...]

--- 543 ---

[...genan] sanès-sanès, wontênipun ing tanah ngriki wontên ingkang kalih ngantos tigang mètêr, ananging ing nagari Eropah wontên salah satunggaling palabuhan ingkang minggahipun toya sagantên wau ngantos kintên-kintên pitulas mètêr.

Tumrap ingkang cakêt sungapan lèpèn wontên ingkang minggahipun toya wau enggal sangêt, ngantos dhatêngipun toya wau kadosdene ombakipun sagantên utawi bêna agêng. Wontên ing lèpèn Kampar ing kikis Sumatra Wetan dipun wastani bêna, bokmanawi têmbung punika aslinipun saking tanah Jawi, inggih punika: banjir (bêna).

[Grafik]

Daya panggèndèngipun srêngenge kalihan rêmbulan.

Dene bêna wau saking kathahing kêkiyatan toya sagêd ngrisak dhusun-dhusun ingkang cakêt sungapan wau, utawi kapal-kapal ingkang pinuju wontên ing ngriku.

Wontên malih sagêd ugi minggahipun toya sagantên ing sungapan lèpèn, enggal sangêt sarta ngantos pintên-pintên mètêr ngungkuli sabên dintênipun, inggih punika ingkang dipun wastani vloedgolf, mênggah ingkang dados jalaranipun lindhu ing sagantên, kadosdene kala panjêblugipun rêdi Krakatao, kala taun 1883, ngantos andadosakên risakipun nagari Bantên tuwin Lampung.

Wontên malih cariyos saking kalawarti ingkang anèh, kados ing ngandhap punika:

Kala ing taun 1888 ing sungapan lèpèn Tsien Tang Kiang ing nagari Tiongkok, kalêbêtan vloedgolf, kapal-kapal ingkang pinuju wontên ing ngriku dipun singkirakên dhatêng panggenan ingkang têntrêm. Ananging kintên-kintên têngah dalu dhatêng punika vloedgolf enggal sangêt, kintên-kintên sêdasa mênit, toya wau sampun minggah tigang mètêr, dene rikatipun botên kintên-kintên, ngantos kapal-kapal wau sadaya dipun bêkta dening toya wau têbihipun ngantos gangsal kilomètêr. Wontên satunggal dintên malih dipun cariyosakên, manawi toya ing sungapan lèpèn wau minggah sêkawan mètêr kadosdene tembok punika vloedgolf malêbêt ing lèpèn, mênggah suwantênipun kadosdene bêna agêng.

Pawartos saking Redhaksi

Tuwan Pr. ing Giritôntra. Apês-apêsipun kêdah wêdalan pamulangan ôngka 2. Prayogi damêla sêrat panuwunan dhatêng dhirèktur C.B.Z. Tumrap panjênêngan prayogi dhatêng C.B.Z. Sêmarang, tamtu panjênêngan badhe angsal katrangan.

R.r.S.O. ing Surakarta. Redhaksi Kajawèn dhangan sangêt anampèni panjurung, kaparênga ngintunakên, manawi sae badhe kapacak.

Lêngganan nomêr 491 ing Blora. Ingkang sade buku Babad Rônggawarsitan, Radèn Ngabèi Ônggapradata, ing Klathèn.

Lêngganan nomêr 2360 ing Têbu Irêng. Bausastra Jawi Malayu botên wontên. Manjurung dhatêng Kajawèn kenging, nanging botên awontênakênngawontênakên. pituwas.

Lêngganan nomêr 4624 ing Salatiga. Rumiyin ingkang sade van Dorp ing Sêmarang. Anglingdarma kapacak ing V.A. taun 1928 tuwin 1929.

--- 544 ---

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

Bab badhe Kamardikanipun Nagari Filippinah

Limrahipun pangobrol kula punika ing dintên Sabtu, nanging ing sarèhning ing dintên Sabtu ngajêng kula dipun pêksa-pêksa kadhawuhan ngaso, amila anggèn kula ngobrol inggih lajêng kula dhawahakên ing dintên punika. Dene cara Bêgêlènipun ingkang badhe kula "dopokkakên" ing samangke ing bab kamardikanipun nagari Filippinah. Nanging ing sarèhning nama "andopok" alias "angobrol" alias "anggêdabrul" utawi "adol cao", têmtunipun inggih lajêng kadosdene gênthong ingkang tanpa isi, inggih punika kothong. Amila panyuwun kula, punika obrolan sampun sangêt-sangêt dipun wigatosakên, langkung sae malih manawi botên dipun waos kemawon.

Para maos mbokmanawi sampun sami mirêng, bilih nagari Filippinah punika angsal prajanjian saking praja ingkang ambawahakên, inggih punika praja Amerika, manawi 8 taun malih badhe dipun mardikakakên. Ing batos para maos têmtunipun inggih lajêng wontên ingkang anjêngèk makatên: "Tobaaat, tobat, lo kok samono praja Amerika kuwi, anggone le loma, le andêmênakake lan mêrakati nganti ulêng-ulêngan. Ingatase duwe jajahan samono ambane, têka mung diêculake: lus ngono bae, thik kaya aku rikala ngêculake ingon-ingonku manuk glathik: prung ngono kae. Hara, hara, hara, apa ora ngedani kuwi."

Pitakenan, ingkang jalaran saking luwês lan gandêsing tondak-tanduk ngemutakên kula dhatêng suwêng blong tuwin gêlung gundèl, punika pancèn inggih wontên lêrêsipun. Manawi dipun gagas-gagas mila inggih ambundhêtakên pikiran, ingatasipun gêgadhahan têka prasasat namung dipun bucal kemawon. Nanging para maos kêdah ngèngêtana; ingkang kawastanan barang darbèking tiyang punika rak warni-warni, wontên ingkang kathah pangaosipun tuwin agêng gunanipun, wontên ingkang tanpa pangaji nanging nyênêngakên, wontên ingkang botên ambêjaji sarini-rinia, malah wontên ingkang sok anyêbêli barang. Barang darbèking tiyang ingkang kathah pangaosipun tur agêng gunanipun, têmtunipun inggih tansah dipun êmi-êmi, dipun êlus-êlus kadosdene... sêlir sêtêngah wulan. Kosok wangsulipun: sanadyan barang gadhahanipun piyambak, manawi nyêbêli, ngênêg-ênêgi tuwin mulêsakên, mêsthinipun inggih tumuntên enggal-enggal kêdah dipun... êdênakên.

Lo, ingkang kacariyosakên inginggil punika sampun têmtu botên kenging kaêcakakên tumraping praja Amerika dhatêng tanah Filippinah. Jalaran praja Amerika anggadhahi jajahan tanah Filippinah punika, botên beda kadosdene praja sanès dhatêng tanah jajahanipun, sêdya lan pangajapipun rak badhe angajêngakên tuwin angalusakên bêbudèning têtiyangipun nagari ingkang kabawahakên wau, nanging cariyosipun. Têmtunipun inggih botên pisan-pisan anggadhahi sêdya badhe pados kauntungan utawi bêbathèn, saya malih manawi pados kasugihan, dhatêng têtiyang ingkang pinarentah; lo, punika inggih cariyosipun. Cara sade tinumbasipun, satunggiling nagari ambawahakên tanah sanès punika, asal sagêd buk kemawon, têgêsipun; asal botên tuna, inggih sampun sae, namung punika inggih cariyosipun malih, lo. Nanging manawi anggènipun ambawah prentah dhatêng sanès jajahan wau tansah nandhang kapitunan, têmtunipun dangu-dangu inggih bosên sagajah abuh, ingkang wusananipun lajêng kapenging angêculakên utawi amardekakakên kemawon.

Makatên ugi mênggahing Amerika tumrap dhatêng Filippinah. Sanadyan tanah Filippinah punika dados tanah jajahanipun Amerika, nanging botên suka kauntungan babar pisan dhatêng praja ingkang ambawahakên wau. Kosokwangsulipun: praja Amerika tansah nandhang kapitunan kemawon. Ingriki kados prêlu kacariyosakên sawatawis kapitunan ingkang ngengingi praja Amerika jalaran ambawahakên tanah Filippinah wau, inggih punika kados ingkang kasêbut ingandhap:

Ie. Ing Amerika punika wontên pranatan: angawisi sadaya bangsa, ingkang bêlang bêntèng kulitipun, dêdunung wontên ingriku. Dados kadosdene kula upaminipun, ingkang kulitipun kêmbang asêm, nanging inggih sanès cadramawa,candramawa. têmtunipun inggih botên kenging gêgriya wontên ing Amerika. Ewasamantên bangsa Filippinah, sanadyan anggadhahi kêkulitan pêpindhanipun kluwung, têgêsipun awarni-warni, wontên ingkang jêne, cêmêng, kulit langsêp, biru kados rêmpêla lan sasaminipun, ing sarèhne kagolong kawula Amerika, sampun têmtu inggih lajêng botên kenging dipun awisi dêdunung wontên ing tanah ngriku. Ingkang makatên wau praja Amerika lajêng nama botên sagêd nêtêpi dhatêng undhang-undhangipun.

2e. Jalaran wontênipun bangsa Filippinah ingkang sami dêdunung wontên ing Amerika, para kaum bêrah bangsa Amerika lajêng angsal lawanan agêng mênggahing panyambutdamêlipun. Jalaran para têtiyang Filippinah wau sami kêdugi nglampahi padamêlan ingkang bayaranipun langkung sakêdhik katimbang bayaranipun têtiyang ing Amerika piyambak. Ingkang makatên punika sampun têmtu kemawon sagêd anuwuhakên lampah paracidra tumrap kaum bêrah kalih golongan wau, ingkang tundonipun namung adamêl sudaning tata-têntrêming praja.

--- 545 ---

3e. Lampahing padagangan, gêndhis upaminipun, punika têtiyang Filippinah sagêd nyade barang-barangipun dhatêng Amerika kalihan gampil, tur rêginipun saklangkung mirah, ingkang anjalari karugian agêng tumrap dêdagangan wêdalipun ing Amerika piyambak. Anggènipun têtiyang Filippinah sagêd nyade dêdaganganipun kanthi mirah wau, jalaran ing sarèhning bangsa wau kagolong kawula Amerika, mila lêbêting barang-barangipun inggih lajêng tanpa dipun pupu ing beya.

4e. Dununging tanah Filippinah punika kenging kawastanan têbih sangêt kalihan nagari ingkang anggadhahi jajahan, inggih punika ing nagari Amerika. Ing sarèhning tanah Filippinah wau têtêp dados jajahaning Amerika, punika pangrêksa tuwin bilih wontên bot-repoting kawontênanipun, ingkang nyanggi inggih praja Amerika. Ing mangke pangrêksa saha panyanggining bot-repot, punika gunggung kêmpaling wragadipun agêng sangêt, prasasat botên jumbuh kalihan angsal-angsalaning kasilipun.

Kados sampun cêkap samantên kemawon ingkang prêlu kaandharakên ingriki mênggah ingkang dados kapitunanipun Amerika ambawahakên tanah Filippinah wau. Cêkak aos ingriki kenging kapratelakakên, bilih 8 taun malih tanah Filippinah badhe mêrdika. Salêbêtipun 8 taun punika kawula Filippinah sasagêd-sagêd mêsthi badhe cekat-cèkêt tata-tata asadhiya anggènipun badhe tumandang damêl nindakakên budidaya ingkang badhe kangge utawi kangge dhêdhasar anggwnipun badhe anyêpêng pusaraning praja mandhiri, ingkang badhe angèl sangêt saha awrat sêsanggènipun, nanging ingkang badhe saklangkung utami. Kados sampun nama satunggiling kamayaran, dene kabaripun praja ingkang cakêt piyambak tuwin agêng panguwaosipun, inggih punika praja Jêpan, sampun suka kasagahan badhe angaru-biru dhatêng kamardikanipun tanah Filippinah wau.

Ingajêng sampun kula aturakên, bilih pandamêl anyêpêng pusaraning praja mandhiri punika badhe angèl sangêt saha awrat sêsanggènipun, langkung malih mênggahing kaeconimianipun praja, ing sakawit mêsthi badhe morat-marit sayêktos. Dene sabab-sababipun makatên:

1e. Dêdaganganipun têtiyang Filippinah têmtunipun lajêng badhe dipun anggêp dening Amerika kadosdene dêdaganganipun bangsa manca sanèsipun. Têgêsipun: salaminipun Filippinah dados jajahan Amerika, têtiyangipun inggih dipun anggêp kadosdene kawula Amerika saha lajêng anggadhahi wawênang kadosdene kawula Amerika, inggih punika: tanpa ambayar beya tumrap barang-barang Filippinah ingkang kalêbêtakên dhatêng Amerika. Punika atêgês: barang-barang Filippinah sagêd angsal papan panyadean wontên ing Amerika kanthi sakeca, sarta jalaran botên mawi mbayar beya wau, sagêd kasade kanthi mirah, ingkang lajêng sagêd ngêjori barang dagangan ingkang kasade wontên ingriku, langkung malih panyadenipun wau sagêd ngêjori kalihan barang asli tanah manca. Kosokwangsulipun manawi sampun dados tanah Amerika, dening praja Amerika mêsthi lajêng kaanggêp kadosdene praja manca sanèsipun, têgêsipun: kêdah ambayar beya lan sasaminipun, punika punapa botên badhe dados kapitunanipun para among dagang bangsa Filippinah?

2e. Ingajêng sampun kacariyosakên, bilih praja Jêpan botên badhe ngaru-biru dhatêng kamardikanipun tanah Filippinah. Nanging samangke kawontênanipun among dagang Jêpan ing Filippinah sampun sae sangêt pranatanipun, ngantos ing têmbe manawi Amerika sampun ngoncati Filippinah, Filippinah têmtu badhe dados papan panyadeanipun barang-barang Jêpan. Jalaran saking punika punapa botên ngalang-alangi kamajênganing industrie tuwin padagangan Filippinah?

3e. Têtiyang Jêpan tansah atusan ingkang sami ngumbara dhatangdhatêng. tanah Filippinah saha lajêng sumêbar wontên ing saindênging praja. Ingriku kanthi kêncênging manah saha kêkiyataning kajêng bangsa Jêpan sami ngadani padamêlan samukawis, kados ta: têtanèn, kabudidayan lan sasaminipun. Ing mangka kasagêdanipun bangsa Jêpan ing bab punika sampun nama inggil. Cêkakipun bangsa Filippinah tangèh sagêdipun nyandhak. Ingkang makatên punika punapa botên badhe adamêl rêkaosing para kawula Filippinah piyambak?

Taksih kathah sangêt saupami kaandharakên mênggah ingkang dados kangelanipun Filippinah ingkang gêgayutan kalihan lampahing kamardikanipun. Ewasamantên tumrap tanah Filippinah botên prêlu alit ing manah, nanging kêdah saya mêmpêng anggènipun tumandang mbudidaya murih ing têmbe dumugi wancining kamardikanipun sasampuna sagêd nyakup dhatêng sakridhaning pangulah praja. Têmtunipun para ingkang sami kawogan ingatasipun pangrêmbag ing bab punika botên badhe kêkilapan, kadospundi sagêdipun widada kalayan wilujêng anggèning njumênêngakên paprentahanipun mandhiri wau. Sanadyan ingriku botên katêrangakên gêgambaranipun, nanging para maos têmtu sampun andungkap dhatêng ancas ingkang kêdah sarosa linampahan kalihan andêrpati.

Lare alit ingkang kapengin sagêd lumampah piyambak tanpa tinetah tiyang sêpuhipun sakawit tansah dhawah, ngadêg-dhawah, ngadêg-dhawah, ngantos dipun namakakên lare sawêg "dêg-dêg antêp". Nanging dangu-dangu sagêd rambatan, sagêd lumampah jêjêg, sagêd plajêngan, danguning dangu sagêd balapan. Makatên kadadosanipun nagari ingkang badhe kamardikakakên wau bilih kasêmbadan sêdyanipun saha manawi cocog kadosdene grayanganipun pun PÊNTHUL.

--- 546 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS

TANAH NGRIKI.

Kapitunan ingkang tuwuh jalaran saking bênanipun lèpèn Batang. Jalaran saking mêntas wontênipun bêna ing lèpèn Batang, kapitunan golongan tani wontên f 50.000.- sabin ingkang sirna 80 bau, wontên tiyang 100 kecalan bale griya.

O, mugi têtiyang wau tumuntêna angsal pitulungan.

Examen nglêbêti Bestuursschool. Ing taun punika para pangrèh praja perangan Jawi Têngah ingkang nglêbêti examen Bestuursschool wontên 34. Dene ingkang badhe kapilih namung sakawan.

Wah, sintên ingkang sagêd kapilih, nama sagêd ngambah dhatêng margi kamulyan. Prayogi dipun rosani patigêninipun kemawon.

[Grafik]

Nonah Mr. O.S.G. Hoo. Ing pamulangan luhur pangadilan ing Bêtawi, mêntas wontên wanita bangsa Tionghoa lulus angsal sêsêbutan Mr. babagan pangadilan, nama nonah Mr. O.S.G. Hoo. Dados ing sapunika ing tanah ngriki sampun wontên Mr. wanita bangsa Tionghoa kêkalih, sami wêdalan pamulangan luhur ing tanah ngriki.

Calon pêthut. Ing pakunjaran lare ing Banyubiru wontên lare nama Bakari. dipun kunjara jalaran kadakwa mandung barang-barang, sapisan pangaos f 5000.- kaping kalih pangaos f 20.000.- sami barang-barang pagantosan ing Magêlang. Lare wau salêbêtipun dipun kunjara kalih têngah taun sampun sagêd minggat kaping kalih. Ing sapunika lare wau sagêd minggat malih.

E, taksih beyongan kemawon sampun kados makatên, iba manawi benjang sampun dados kutuk, tamtu mêgah-mêgahakên.

Ama urèt. Kawartosakên, pasabinan ing laladan Playen, Ngayogya, katrajang ing ama urèt, sabin ingkang katrajang 100 bau.

Sami-sami ama sabin, urèt punika panêmpuhipun sok ngèngêtakên, mila samangsa wontên tandhaning ama punika kêdah lajêng kalapurakên dhatêng ingkang wajib. Awit ing bab têtanèn punika kawigatosakên sangêt dening parentah, dening gêgayutan kabêtahan ingkang sakalangkung wigatos, ingkang adakan nuwuhakên kasangsaran (pacêklik).

Ngindhakakên pajêg gadhe Jawi ing Mangkunagaran, Surakarta. Para tiyang ingkang gadhah pagadhean Jawi ing bawah Mangkunagaran, sami tampi dhawuh pajêgipun badhe dipun indhakakên 5% saking bêbathènipun.

Sayêktosipun tumrap pagadhean ing tanah karajan Jawi punika kantun saumuring jagung, inggih punika kantun sagêsangipun ingkang nglampahi. Dados sanajan kados pundia kemawon, sarèhning namung kantun saumur, inggih kadugi nglampahi, awit saupami badhe sèlèh dening kawratan, bêbasanipun nama: anggege pati.

Pêjah jalaran manak. Ing dhusun Têgalrêja, Pathuk, Ngayogya, wontên tiyang ngajal jalaran manak.

Pakabaran makatên punika kêrêp sangêt wontênipun, saya tumraping sadhèrèk padhusunan. Dene mênggahing nalar, kajawi ingkang tiyang nganggêp sampun pasti, sababipun botên sanès jalaran tiyang ingkang manak botên angsal pitulungan ingkang prayogi, inggih punika pitulunganipun dhukun bêranak utawi doktêr. Tur mênggahing sapunika sampun botên kirang sêsorah bab kados makatên punika. Nanging tumraping sadhèrèk dhusun, kados inggih taksih kirang sêsêrêpanipun, mila wajib tansah dipun grètèhi.

Pacêklik ing Kupang. Kawartosakên ing Kupang (Timur) tuwuh bêbaya pacêklik, kathah tiyang ingkang tiwas jalaran namung nêdha gêgodhongan, lajêng nuwuhakên kadurjanan rajakaya. Bab punika sampun kauningan dening ingkang wajib, ing salêbêtipun sawulan wontên tiyang pêjah 40, sakintên kakintên jalaran saking sêsakit ambêbucal rah umbêl, nanging sarêng kapriksa ing doktêr, botên wontên tandha-tandhanipun sakit makatên. Sapunika ingkang wajib matah ambtenaar saking departement nindakakên papriksan tuwin rêrigên saprêlunipun.

Nagari ingkang katrajang ing bêbaya pacêklik, punika mênggahing tiyang sakit, pinanggih angranuhi, sarasipun namung pinanggih saking pambudidaya.

Mitulungi para angguran. Ing Bogor sampun madêg satunggiling comite pitulungan, nama "Badan Pêrtulungan Bumiputra Bogor" kagandhèngakên kalihan pakêmpalan 25 panggenan. Ancasipun badhe suka pitulungan dhatêng golongan angguran tiyang siti. Ingkang dados bestuuripun Dr. Marzuki Mahdi, Tuwan De Quelyu tuwin Ucil.

Mugi ada-ada punika sagêd kasêmbadan, lan manawi sagêd kalampahan sae kintên-kintên badhe tumaruntun wontênipun.

Pêkên darma ing Banjarnêgara. Benjing tanggal 3 dumugi tanggal 5 Mèi ngajêng punika, ing alun-alun Banjarnêgara badhe kawontênakên pêkên darma mawi têtingalan warni-warni. Angsal-angsalaning bêbathèn badhe kangge darma dhatêng Arjunaschool ing Banjarnêgara.

Ada-ada kados makatên punika tumrapipun wontên ing mangsa punika pancèn inggih nyamari, bêbasanipun kados dolanan lading landhêp. Nanging manawi mirit dhatêng kabêtahanipun, kintên-kintên badhe manggih wohipun. Inggih mugi-mugi kemawon.

--- 547 ---

Gupêrnur ing Ngayogya kèndêl. Wontên pawartos, wiwit benjang tanggal 21-10-32 Tuwan P.R.M van Gesseler Verschuir, Gupêrnur ing Ngayogya kèndêl kanthi hormat.

Sami-sami pangkat pangagêng, tumrapipun tanah karajan Jawi, ing samangsa kèndêl, têmtu dados rêraosaning ngakathah, saya tumrap nagarinipun. Sabab kados makatên wau mbokmanawi namung kabêkta saking awrat utawi gênging panguwasanipun. Mila pangagêng wêwakiling parentah ing karajan Jawi, limrahipun inggih pilihan.

Jurnalis Prancis dhatêng Borneo. Ing Banjarmasin mêntas kadhatêngan Tuwan Stephane Faugier, jurnalis bangsa Prancis ing sêrat kabar Le Matin ing tanah Paris. Dhatêngipun wau prêlu anjajah tanah Borneo.

Wah, jurnalis tanah ngrika punika manawi sampun mêlancong ngantos kados tiyang ngimpi.

Pangiritan tumrap babagan pangajaran. Ing taun punika tumrap babagan pangajaran, parentah sampun nindakakên pangiridan 4 1/2 yuta rupiyah, benjing rantaman taun 1933 badhe kawêwahan dados 9 yuta.

Hêm, sintên ingkang golongan babagan pangajaran, têmtu kêtuwuhan raos sênig-sênig.

Bêbathèn Bank National ing Surabaya. Miturut pêpetangan Bank National ing taun 1931 gadhah bêbathèn f 15.380.86. Para ingkang kagungan aandeel angsal bêbathèn 5%.

Punika dados tandha bilih tiyang siti ugi sagêd nindakakên damêl ingkang kados makatên.

Kalèntu sêrêp. Pangrèh agêng P.P.P.H. mêntas nyatakakên dhatêng Probolinggo ing bab punggawa pagantosan ingkang dipun wachtgeld kataros dados agèn pulisi. Mênggah katêranganipun sêling sêrêp. Mênggah ingkang dipun kajêngakên naros dhatêng punggawa wachtgeld ingkang namung tampi sakêdhik, tinimbang nganggur.

Sukur manawi makatên, nama pangeman sayêktos. Lan malih ugi mikantuki dados satunggiling wawasan. Tur punggawa ingkang dipun taros wau inggih dèrèng têmtu manawi purun nglampahi.

Kamajêngan P.K.N. Pangarsa P.K.N. Ngayogya badhe rawuh ing Ponjot, ambikak cooperatie, ingkang dumunung ing tanah ngare. Kajawi cooperatie-cooperatie, sapunika P.K.N. ugi sampun ambikak panggilingan pantun.

Tandangipun P.K.N. punika katingalipun sajak cekat-cèkêt.

Kawantêran wanita. Kawartosakên, pangadilan Landraad ing Sêmarang mêntas ngrampungi prakawisipun Nyonyah Supunah, garwanipun Tuwan Supadi, opzichter S.J.S. kadakwa ngrèmèhakên wêdana tuwin mantri pulisi ing Tulungagung kawrat ing sêrat kabar. Dakwa kadhêndha f 100.- utawi linintu kunjara 3 wulan.

Sintên ingkang mastani manawi wanita bangsa Jawi botên majêng. Ingatasing wanita ngambah pangadilan ingkang gêgayutan prakawis kados makatên, punapa dèrèng kenging dipun wastani Srikandhi?

Rêrigên ing pabrik gêndhis Bantul. Jalaran saking botên wontênipun padamêlan ing pabrik, saking rêrigênipun pangagêng, para tukang bêsi sami kapurih anggarap sabin, pamêdalipun malih, tuwin salêbêtipun anggarap kalêpatakên padamêlan ing pabrik, angsal blanja sapalih. Dene manawi botên sagêd anggarap piyambak, kenging ngulèkakên, tukang ingkang ambayar kulèn, têtêp angsal blanja sapalih. Tiyang satunggal kintên-kintên angsal bagean 1/2 bau.

Rêrigên makatên punika katingalipun inggih sakeca, nama sami bantu-binantu.

Mulo S.C.S. kapasrahakên dhatêng guprêmènt. Wiwit benjang Juli ngajêng punika Mulo S.C.S. ing Têgal badhe kapasrahakên dhatêng guprêmèn, lajêng kadadosakên pangipun Mulo ing Pêkalongan.

Bab punika têmbungipun jalaran saking pangiridanipun S.C.S. Mênggahing para murid nama bêgja, dene botên kasuwak babar pisan.

Rêkaosipun tiyang nêbus barang. Wontên pawartos, têtiyang ingkang sami nêbus barang-barang pagantosan ing Bantul sami sambat, amargi nêbus wanci jam 12 sawêg sagêd tampi barang mèh jam 3. Wontênipun makatên amargi saking kêkirangan punggawa.

Pawartos punika manawi nyata, dados mênggah ing bab pangiridan ing pakaryan pagadean, pinanggihipun ing sapunika inggih andadosakên rêndhêting lampah. Tujunipun bêbasan "wanci punika arta" sanès bêbasanipun tiyang siti. Mila icaling wanci tanpa rêgi.

Loterij Technisch school Sêmarang, sambêtipun Kajawèn no. 33: Pamênang f 100.- dhawah nomêr 194 202 363 464 813 1088 1920 2039 2068 2780 3066 3240 3274 3381 3670 3670 3671 3883 4528 4593 4661 4793 4897 5961 6080 6116 6245 6283 6295 6369 6407 6435 6557 6654 6760 6811 6904 6958 7072 7277 7571 7808 8711 8806 9064 9495 9531 10016 10079 10094 10302 10403 10511 10650 10688 10697 10780 10993 11191 11344 11484 11772 12013 12053 12181 12484 12790 12814 12846 12899 13306 13728 13728 13770 14387 (badhe kapacak malih sacêkapipun mêndhêt saking officieele lijst).

ASIA.

Brandhal ing Mansyurie. Wontên golongan brandhal cacah 15.000 sagêd ngawontênakên wadya Mansyu Kuo. Golongan Murai lajêng tuwuh darêdah kalihan golongan abrit tuwin nuwuhakên pamogokan punggawa sêpur Tiongkok sisih wetan. Punggawa ingkang anjagi sêpur sagêd ambêskup bom cacah 150 pêthi, kabêkta ing sêpur ingkang dhatêng Harbin. Ministêr pêpêrangan Jêpan taksih nimbang prêlu ngintunakên bêbantu.

EROPAH.

[Grafik]

Tamu agung bangsa Abesi ing nagari Walandi. Dèrèng dangu ing nagari Walandi kadhatêngan utusan nata ing Abesi (gambar ngajêng). Utusan wau nalika wontên ing nagari Walandi mariksani palabuhan ing Rotterdam, dipun iring Tuwan Rost van Tonningen ajidan dalêm Sri Maharaja Putri (ingkang nyêpêng dlancang).

--- 548 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

12.

Kajawi punika, Nonah Dhorah lajêng gadhah tindak ingkang piyambakipun piyambak inggih botên mangrêtos dhatêng kajêngipun, kados ta sarêng enjing, sawarnining sêrat-sêrat saking para neneman ingkang dipun rimat wontên ing pêthèn, sami dipun wêdalakên sadaya, sasampunipun ngalêmpak, lajêng dipun bêkta dhatêng pawon, sadaya dipun bêsmi, salêbêtipun ambêsmi wau kanthi mèsêm tuwin wicantên: muga-muga para nonoman sing padha awèh layang mênyang aku iki, nêmua kanugrahan, pinaringan eling, lan aja padha nganti kelangan dhuwit tukon prangko manèh, kang ora ana gawene.

Manawi dipun manah, solah-tingkahipun tiyang ingkang kataman godhaning manah, badhea dipun kêlamari kados punapa, calorotipun inggih sampun katingal, awit sawarnining tindakipun, malah namung sarwa kados anglairakên gambaraning batos. O, mêmêlas.

5. Godhaning manah

Wanci jam sakawan sontên, Nonah Dhorah sampun dandan, ngadêg wontên sangajênging kaca agêng. Sakawit ngangge rasukan biru maya-maya, ingkang nocogi kalihan raosipun piyambak. Nanging sasampunipun rampung, lajêng kèngêtan, bilih warni ingkang dados kasênênganipun Radèn Sumarta punika wungu nèm. Nanging sarêng dipun cocogakên kalihan acluming guwayanipun, ingkang jalaran saking kaduk kirang tilêm, warni wungu ênèm punika botên mathuk dipun êtrapakên ing piyambakipun. Wusana lajêng èngêt, bilih piyambakipun punika botên kêrèh dening Radèn Sumarta, prêlunipun punapa sangêt-sangêt anggatosakên. Têka samantên dayaning manah kenging godha.

Nonah Dhorah anggèning milih pangangge ngantos dangu dèrèng manggih ingkang nocogi kalihan raosing manah, nanging wusananipun lajêng ngangge rasukan kêthèl. Sasampunipun dipun angge saha dipun sawang wontên ing kaca, Nonah Dhorah wicantên piyambakan: Anggonku nganggo klambi kaya ngene iki aja kokira dadi tandhaning dêrêng marang katrêsnan, ora babarpisan: Sumarta. Aku mung lugu milih panganggo kang nocogi karo pakulitanku.

Kala samantên sawêg satêngah gangsal, Nonah Dhorah ngêtrapakên èrloji tangan wontên ing ugêl-ugêl kalihan wicantên: O, èrlojiku mati. Lo kok isih mlaku, nanging mokal yèn lagi satêngah lima. Raos makatên punika limrah, pinanggih wontên ing wanci patêmbayan, adhakan kêtuwuhan raos maibên dhatêng wanci ingkang ajêg botên nate ewah.

Sasampunipun rampung anggènipun dandan, Nonah Dhorah lajêng mêdal saking kamar, nuwèni jam ing griya wingking, wicantênipun: Êlo, lagi satêngah lima têmênan, athik ora mundhak-mundhak. Môngka samayanku jam lima, dadi saupama têkaku ing kana wayah mangkene, mêsthi diarani mêmpêng arêp kêtêmu karo dhèwèke. Isin aku.

Inggih sanadyan badhea dipun kikibi kadospunapa, tuwin dipun saslamur mlampah-mlampah wontên ing jawi, dipun sambi nyênyawang punapa-punapa, saking ngajêng dhatêng wingking, saking wingking dhatêng ngajêng, tuwin dhatêng panggenan sanès-sanèsipun, lampahing wanci inggih mêksa rêndhêt, saya malih botên kêndhat nyawang èrloji. Wah, tamtu kemawon raosipun angêlangut sangêt. Sarêng jam gangsal kirang saprapat, Nonah Dhorah nglocita: Iki wis jam lima kurang saprapat, yèn aku mlaku sakapenake, jam lima thèng aku mêsthi wis têkan kana. Sasampunipun makatên, Nonah Dhorah lajêng nusul bapakipun ingkang nuju ngisis wontên patamanan, pamitan badhe dolan.

Bidhalipun Nonah Dhorah rumaos lumampah alon-alonan, nanging sayêktosipun rêrikatan, malah ngungkuli padatan.

Sadumugining panggenanipun Radèn Sumarta, Radèn Sumarta pinanggih nuju sawêg ngêtrapakên sêkar ing wadhah dipun dèkèk wontên ing meja ngajêngan. Sarêng Radèn Sumarta sumêrêp Nonah Dhorah dhatêng, lajêng jaranthalan kados tiyang gugup, gapyuk anganthi Nonah Dhorah kalihan wicantên: Dhorah, iki jênênge ngajokake janji, samayan jam lima, iki lagi jam lima kurang sapuluh mênit, kowe wis têka.

Nonah Dhorah mangsuli kalihan kêsêsêgên: Dadi èrlojiku wis bênêr, tak arani mau rak mati. Hêm, dalah jam ing ngomah bae lakune iya ora kêna diêndêl. Anu, Sumarta, satêmêne aku samar, yèn têkaku kasèp.

Ora dadi ngapa: Dhorah, malah aku rumasa nêmu kabêgjan gêdhe bangêt, dene kêtêmuku karo kowe mundhak sapuluh mênit. Kuwi jênêng kabêgjan ora mainan. Sanadyan kowe têkaa jam sêtêngah lima pisan, aku ya wis linggihan ana ing kene. Wis ayo linggihan. Mêsakake ngane, kringêtmu nganti marêntul.

Radèn Sumarta salêbêtipun ginêman makatên wau, tanganipun taksih kêkêt anggocèki tanganipun Nonah Dhorah, saha lajêng mrênahakên lênggah wontên ing kursi panjalin, angajêngakên sêkar wangunan ingkang sakalangkung nêngsêmakên. (Badhe kasambêtan)

--- 65 ---

Nomêr 17, Taun III.

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu.

Tinêmuning Wêkêl

Kang minôngka bêbukaning kôndha, mring pra janma kang padha nupiksa, kang angripta nyuwun gunging aksama, awit dhasar dudu ahli basa.

Basa Jawa ora pati bisa, Arab, apa manèh Lônda, arang krungu, tur mônda-mônda, mula gangsul tataning ukara.

Drênging kapti sadêrma nuruti, pamundhute, kaya kang kawarti, Rama Sêbul, tukang nyênyêbuli, mrih putranya manggiha basuki.

Ngiras pantês kôndha angandhani, para adhi, srana nyaritani, bokmanawa wèh sênênging ati, kadya kang winahya ngisor iki.

Salor kulonira pulo Jawa, mung kalêt-lêtan supitan Sundha, prênah tanah padununganira, sawijining wong satêngah tuwa.

Wismanira cilik ora apik, nanging rêsik, panggung maglik-maglik, adoh tôngga sêmune andhêlik, yèn tinitik, cakêt cêdhak gisik.

Pakarangane angaluk-aluk, sisih kidul, gisik kang diinguk, kira-kira ana sapanyêluk, mangetane kêtug sikil gumuk.

Mangalore karo ratan gathuk, dalan gêdhe sing anjog ing têluk, dene kulon, pagêr kuwat mathuk, ngewuh-ewuh wong kang nêdya blusuk.

Yèn ing wêngi kanane winarni, ing sawuse hyang ratuning ari, tan kaèksi sorote kang kèri, kiwa têngên pêtêng tur asêpi.

bapak kaji, wong sing angênggoni, ning sêrbane mêsthi kêrêp kèri, wit kang tamtu sing dianggo pèci, bakda subuh lungguh ngèmpèr buri.

sibu kaji, kudhung cita èdi, nganggo sarung bathikane pèni, akalambi dawa amantêsi, wira-wiri ibut angladèni. Bakal disambung.

--- 66 ---

Bêtah-bêtahan

Ana ing ngêndi-êndi asu karo kucing iku uripe kaprahe padha sêsatron, sing katon sêngit lumrahe asune.

Anuju sawijining dina ana kucing lagi andhêkêm ana ing pawuhan. Dumadakan ana asu têka. Barêng lakune wis cêdhak ing pawuhan asu mau wêruh kucing andhêkêm, banjur nyandêr. Kucing ora sarônta banjur mlayu sarosane, mènèk ing wit-witan, mlembar ing payon omah. Ana ing kono banjur andhêkêm manèh, wangune duwe gagasan, si asu môngsa bisaa ngoyak ora. Pancèn iya mangkono, asune mau ora bisa nututi, dadi mung klintar-klintêr ana ing tritisan bae, karo anjêgog sarosane. Barêng wis rada suwe, wangune asu mau panjêgoge wis kêsêl, nuli lunga, kucinge banjur mudhun manèh.

Sanajan bocah iya mangkono kaanane. Sapa-sapa moyoki liyan diênêngake bae, iku lumrahe olèhe moyoki iya banjur jêlèh dhewe. Upama diwangsuli bokmanawa bisa uga nuwuhake cêcongkrahan, kang wusanane ora prayoga.

K. 3622

Sêmut Ngoyak Rayap

Durma

Ayo kônca padha nyêpakna gêgaman / sing landhêp-landhêp kuwi / gilo ana pangan / saka guru kang têngah / wah sajake lèhe gêmpi / lah dalah tênan / kene kônca sing wani //

Sêmut wêruh nuli ngelikake rayap / e rayap nyilakani / rumangsamu apa / iku rak barang yasan / iyasane dara bèi / dhèk bakda êdal / thik padha kokrikiti //

Rayap jawab calathune rada santak / aku ora praduli / kowe anu apa / wong padha golèk pangan / yèn gêlêm milua gêlis / aja weweran / sing duwe sêlak tangi //

ora watak yèn sêmut mangani saka / panganku balung êri / gogrogane dara / mulane ya tak rêksa / kagungane dara bèi / lah kowe rayap / yèn nekad mêsthi mati //

SêmukSêmut. nuli ngoyak-oyak marang rayap / diplêcit nyang di-êndi / rayap kapok tênan / sambat: aku uculna / sêmut kôndha: masthi mati / wong kowe nekad / êmoh pitutur bêcik //

Si Su, ing Sala.

--- 67 ---

Trêsna Bapa

Candhake Kajawèn nomêr 32

V. Kêtêmu karo sang putri

[Gambuh]

samana sang aprabu / kang jumênêng ing nagara iku / mirêng atur manawa sangisor wringin / ana uwong anom bagus / pepe linggihe ngalosot //

sang prabu nuli dhawuh / animbali uwong anom mau / satampaning dhawuh Wêlas nuli kerit / ati têtêg ora gugup / malêbu mênyang kadhaton //

lakune mundhuk-mundhuk / isih adoh wis ketok andhingkluk / wong sing ngirit nganti alon ngêruh-ruhi / sampeyan kêtingalipun / dèrèng nate ngambah kraton //

ing sêmu taksih gugup / dèrèng nate srawungan lan ratu / Wêlas mandhêg karo alon anyauri / limrah tiyang dèrèng atul / adhakan dados gêguyon //

nanging sampun kalintu / ingatasing kula tiyang dhusun / yèn gugupa nama limrah bokmanawi / mung nyatane kula purun / nêmpuh pakewuhing kraton //

wise ngadhêp sang prabu / nuli krungu sang prabu andangu / arêp duwe atuatur. apa dene wani / pepe anèng wringin kurung / Wêlas matur nyêmbah sedhok //

nun inggih kula nuwun / sowan kula ing sajatosipun / rekanipun inggih badhe anglêbêti / dhatêng sayêmbaranipun / kang putra sang putri kraton //

nata mèsêm ngêcêmut / uninga yèn uwong anom mau / durung wêruh carane basa sing bêcik / iya iku unggah-ungguh / manèhe basa kadhaton //

nanging mungguh sang prabu / ing panggalih rênane kalangkung / awat ni dyan titike Wêlas wong cilik / nanging tatag wani ratu / mung dianggêp padha uwong //

sajrone ngadhêp mau / ora kêdhèp amandêng sang prabu / karo pijêr anyênyawang barang pèni / sang prabu nuli andangu / bêcik ya barang karaton //

Wêlas nyêmbah lan matur / inggih sae kula ngantos gumun / griya agêng pun rêrêngga langkung pèni / sangêt têmên ngosokwangsul / lan tiyang bangsaning asor //

sang prabu nuli dhawuh / hèh wong anom kang dadi karêpmu / anglêboni sayêmbara iku bêcik / nanging saka pangemanku / wurungna bae wong anom //

ing mêngko ingsun tutur / kang arasa ngeman nyang awakmu / awit uwis akèh wong kang padha mati / ana jalaran digantung / ana gulune dikêthok //

Wêlas matur kêsusu / nganti lali ora nyêmbah mau / malah tangan kiwa têngên malangkêrik / padha ditumpangke dhêngkul / lan matur kaya ambêngok //

punapa bedanipun / nadyan kula alit nanging purun / harak wontên paribasan giri lusi / nanging mênggah janma tamtu / tan kêna dèn ina yêktos //

sang prabu manthuk-manthuk / lan adhawuh andhèrèk malêbu / satêkaning patamanan amêruhi / cumplung wong pating galundhung / lan bangke pating gareyong //

sang prabu paring dhawuh / nyasmitani aparing pituduh / kono ana rêrupan anggêgirisi / Wêlas êmung manthuk-manthuk / karo matur nyêmbah alon // Arêp disambung.

--- [68] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]