Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-05, #1647

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1932, #1647
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-01, #1647. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1470.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-02, #1647. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1471.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-03, #1647. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1472.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-04, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1473.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-05, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1474.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-06, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1475.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-07, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1476.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-08, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1477.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-09, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1478.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-10, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1479.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-11, #1647. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1480.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-12, #1647. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1481.

Ôngka 37, 30 Bêsar, Je 1862, 7 Mèi 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Tatwawara

Pêthikan saking Sêrat Arjuna Sasrabau

[Dhandhanggula]

kucêm mingkus saisining bumi / tumon prabawane sang yaksendra / Rawana krura ambêke / yèn ana para ratu / kang tan nungkul nulya ginitik / tumpês sasat karoban / ing sagara gunung / jinarahan binoyongan / duk samana Dasamuka angidêri / wêwêngkon prajanira //

tanpa wadya mahawan wiyati / anon pucak wukir Sunyapringga / rinubung kilat thathite / teja wangkawa nawung / kuwung-kuwung kadya nawungi / sapucaking aldaka / liwêran andaru / ing kono natkalanira / wre Subali sinung wahyu bathara di / ajine pôncasona //

Dasamuka niyup marêpêki / praptaning gèn Subali duk lagya / luwar saking ing tapane / lunggwèng sela pitêkur / Dasamuka asru dènnya ngling: / dene iki wanara / kang tapa anyingkruk / rinubung thathit liwêran / hèh wre apa sêdyanira anèng bumi / dene kapati tapa //

dyan Subali alon anauri: / hèh rêksasa têka pindho karya / apa ta ana bedane / titahing jawata gung / kabèh iki isining bumi / manusa lan wanara / rêksasa lan diyu / ingkang padha ulah tapa / sayêktine amrih luwih anèng bumi / durmane ing ayuda //

--- 566 ---

Tanah Dalah Têtiyangipun

Kawontênan ing Bopên Dhigul

Sambêtipun Kajawèn nomêr 36

Kawontênanipun Têtiyang Kaya-Kaya

Ing sajatosipun kula badhe nyariyosakên kawontênanipun têtiyang Kaya-Kaya punika gajêg-gajêg, awit pangrêtosan kula prakawis punika kirang sangêt. Ingkang andadosakên kirang sangêt pangrêtosan kula punika, jalaran basanipun têtiyang Kaya-Kaya sakiwa têngênipun tanah Merah punika angèl anggènipun nyinaoni. Basanipun golongan satunggal saha satunggalipun botên sagêd sami. Ananging sanadyana makatên inggih mêksa kula cariyosakên, bokmanawi prêlu ugi kangge mêwahi sêsêrêpan.

[Grafik]

Têtiyang Kaya-Kaya nuju tata-tata badhe kêndurèn

Sakêdhik-sakêdhik kawontênanipun têtiyang Kaya-Kaya sampun kula cariyosakên ing sasrawunganipun têtiyang bucalan. Sagêdipun kula angsal katêrangan sakêdhik-sakêdhik punika anggèn kula sok omong-omong kalihan têtiyang Kaya-Kaya ingkang sampun ragi ngrêtos basa Malayu. Rekadaya kula nyumêrêpi kawontênan punika makatên:

Nalika kula dhatêng ing tanah pambucalan mondhok ing griyanipun salah satunggiling tiyang bucalan. Sadhèrèk punika kalêrês dipun tumuti tiyang Kaya-Kaya. Tiyang Kaya-Kaya punika asli saking Korêkao (Corukao), ing sapunikanipun dados tawananipun golonganing têtiyang Kaya-Kaya Kalimuyu. Tiyang Kaya-Kaya punika salaminipun katawan sampun nate kaukum, dados inggih sampun ragi sagêd wicantên basa Malayu. Kula pitakèn sababing [sa...]

--- 567 ---

[...babing] piyambakipun katawan. Piyambakipun lajêng nyariyosakên, bilih piyambakipun punika anakipun sêsêpuhing têtiyang Kaya-Kaya Korêkao. Ing satunggiling wêkdal têtiyang Kaya-Kaya Korêkao manggih wit sagu sagrombol. Manawi ing môngsa bêntèr sami badhe katêgor kadamêl têdha.

Ing sajatosipun grombolan sagu punika sampun dados dhèdhèkaning golonganipun têtiyang Kaya-Kaya Kalimuyu. Ing sarèhning golonganing têtiyang Kaya-Kaya punika tandhoning têtêdhanipun taksih kathah, amila botên dipun têgor, namung yèn wêkdal môngsa bêntèr dipun sambangi.

[Grafik]

Tiyang Kaya-Kaya jalêr mangangge nuju dintên karamean.

Anuju ing môngsa bêntèr têtiyang Kaya-Kaya Korêkao sawêg sami nêgor, wontên ingkang angrêsiki sangandhapipun uwit sagu ingkang badhe katêgor, saha angrêsiki sakiwa têngênipun wit sagu ingkang sampun rêbah, têtiyangipun èstri sami anggêpuki uwit sagu kapêndhêt onggokipun (kadosdene têtiyang tanah Jawi amêndhêt onggok arèn), kasumêrêpan têtiyang Kaya-Kaya Kalimuyu ingkang nuju nyambangi ing panggenan wau.

Sarêng têtiyang Kaya-Kaya Kalimuyu ingkang tumindak dados prajuriting golonganipun sumêrêp, lajêng murugi saha ngrêbat barang-barangipun. Sampun tamtu ingkang dipun rêbat inggih botên lajêng kèndêl kemawon, nanging lajêng sami nanggulangi anggènipun angrêbat, wusana mêngsahan, têtiyang Kaya-Kaya Kalimuyu sagêd katawan saha kabêkta wontên ing sangajênging sêsêpuhipun têtiyang Kaya-Kaya Korêkao.

Têtiyang Kaya-Kaya Kalimuyu ingkang nganglang punika botên katawan sadaya, ananging wontên ingkang sagêd lumajêng, têrus nyukani pawartos dhatêng sêsêpuhipun. Ing ngriku sêsêpuh punika têrus parentah dhatêng têtiyang Kaya-Kaya sadaya supados mirantos, badhe anêdha wangsul kancanipun. Ing sanalika inggih lajêng bidhal.

Dumugi ing Korêkao lajêng prang campuh, jêmparing-jêmparingan, sêsêpuhing Korêkao kenging kajêmparing dhadhanipun ngantos dumugi ing tiwas, têtiyang Kaya-Kaya sanèsipun sarêng sumêrêp sêsêpuhipun anêmahi tiwas lajêng sami anggêblas lumajêng dhatêng wana. Ingkang kantun wontên ngriku namung èstrinipun sêsêpuh kalihan anakipun. Anakipun sêsêpuh punika lajêng kabêkta kangge pratôndha kamênanganipun, nanging bojonipun sêsêpuh punika katilar.

Badhe kasambêtan.

--- 568 ---

Cariyos Kina

Kapitadosan tiyang kina

Mila pancèn sampun dados adat wêwatêkanipun tiyang siti ingkang naluri kaum kina, saprika dumugi sapriki taksih kathah ingkang kandêl dhatêng kapitadosan anut grubyug, ela-èlu, gugon-tuhon sasaminipun ingkang sangêt botên pinanggih ing nalar, mila wêkasanipun inggih sok malah andadosakên kapitunan tumrap dhatêng awakipun piyambak, kados ta: rêmên madhukun ujar panggorohan, pados isarat, nyênyuwun ngalap brêkah dhatêng kayu, watu, kuburan limrah sapanunggilanipun ingkang sadaya wau sami botên sagêd linampahan lêlahanan, nanging mêsthi mawi ngêdalakên ragad kilap kathah utawi sakêdhik, môngka pinanggihipun ingkang dipun sêdyakakên, nyatanipun namung tansah cabar alias wuk tanpa dados, suprandene sapriki taksih kathah sangêt golongan kina ingkang kandêl kapitadosanipun dhatêng babagan ujar lalawora makatên wau.

Bab tiyang ngalap brêkah dhatêng kuburan limrah dening kandêling kapitadosan utawi namung saking anut grubyug, kajawi ingkang sampun kêrêp kacriyos wontên ing kalawarti warni-warni, ing mangke kula ugi nyumêrêpi panunggilanipun kapitadosan wau, kalihan cêkak kasêbut ngandhap punika.

Ing kikising kitha Surakarta kaprênah kidul kilèn, wontên satunggaling pakuburan limrah kangge tiyang kathah, namanipun karan pakuburan: makam pragola, kabêkta namaning padhukuhan ngriku ugi karan kampung (kala rumiyin dhusun) makam pragola. Ing pinggir pakuburan iring kidul, wontên satunggal badan kubur limrah amiyambak ijèn, ngêblak dipun pagêri bêthèk mubêng, wontênipun sampun dasanan taun, salaminipun botên nate kocap kadospundi-kadospundi, botên wontên tiyang mêmêtri utawi nênêpi sasaminipun dhatêng kubur ngriku.

Wusana sawêg watawis tigang taunan sapriki, kuburan wau dipun angge jujugan tiyang ngalap brêkah nyuwun idi, supados benjing dintên anu kaparingana têrang, sampun ngantos jawah, tiyang ingkang sami ngalap brêkah nyuwun têrang wau, ingkang mêsthi prêlu tumrap badhe gadhah damêl mawi jagongan, dhatêngipun ngriku kalihan ambêkta dhaharan kasajèkakên ing daganing kuburan, awarni sêkul, lawuhipun namung tigan dipun pindhang, wedang kopi, trêkadhang wontên ingkang mawi srutu utawi tike sami sakadaripun piyambak-piyambak, nanging ingkang mêsthi ajêg sêkul kalihan tigan pindhang, punika botên kantun, sasampuning kalarapakên juru kuncining pakuburan, tiyang ingkang gadhah panyuwun lajêng ambêsmi dupa, rampung sajèn sapirantosipun katilar wangsul mantuk, mèh sabên 8-10 dintên sapisan kenging katêmtokakên wontên tiyang dhatêng kuburan wau 1 utawi 2, dumugi sapriki taksih lumintu wontênipun.

Nanging kawuningana, dhawahing êndon dintên têmpuking prêlu, têka têmtu sagêd kabul têrang sayêktos inggih

--- 569 ---

botên, kanyataanipun ingkang sampun marambah-rambah, tumrap sanès tiyang sanès panggenan ingkang sampun kula yêktosi, mêksa taksih botên sagêd uwal saking wontêning kodrat alam, pinanggihing kayakinan bilih dintên wau dhongipun têrang inggih sagêd têrang, nanging manawi ing gêgana sampun katingal mêndhung ngêndhanu, dhawahing jawah pintên dangunipun inggih botên sagêd sande, tarkadhangan malah langkung dêrês ngêgètakên. Tôndha saksi têrang sadangunipun môngsa kathah jawah samangke punika, salêbêtipun kalih wulan sapriki, kathah tiyang dhatêng ing kuburan wau nyuwun têrang, dintên têmpuking damêl sampun ngantos wontên jawah. Tibanipun jêbul sabên dintên rintên dalu jawahipun tansah anggarêjèh kemawon, kalêbêt dintên-dintên ingkang kasuwunakên têrang kangge tiyang gadhah damêl wau. Dados pinanggihipun ing kayakinan botên beda kalihan ingkang botên mawi ihtiyar isarat, dhongipun têrang inggih têrang, dhongipun jawah inggih jawah, namung wontênipun naluri lagon kaum kina sapriki taksih kathah ingkang sami ngayoni ngêcakakên ihtiyar makatên, ciptaning manah: ragad ora sapiraa, prêlu kudu dinyatakake.

Mangsuli bab kuburan wau, kula gumun, sintên mulabukanipun ngajêng-ajêng ingkang angsal wisik: yèn ta wisika, ing ngriku sagêd nêrang jawah wau, sumêrêp-sumêrêp lajêng sampun kathah tiyang dhatêng, sadaya ngakên sami gêthok tular, makatên ugi juru kuncinipun ngriku, inggih kapetang taksih enggal amung kantun anglinggihi klasa gumêlar.

Kula angsal pamirêng ugi saking gêthok tular, dêdongengan cêkak nyariyosakên, bilih ingkang sumare ing kubur ngriku punika namanipun Kyai Selakêrti, prajurit kêsdik balanipun Tumênggung Pragola Pathi, nalika pêrang jaman Mataram, kasêsêr ing yuda dumugi tiwasipun kakubur ing pakuburan makam Pragola wau, nanging kêsdik kadospundi botên sagêd têrang jajlèntrèhanipun, namung dumugi samantên dongengan ingkang kacariyosakên. Wasana lêrês lêpatipun kula nyumanggakakên saha nyuwun pangaksama para maos.

P.K. 585

Buku Enggal

Bale Pustaka mêntas ambabar buku waosan: Narasoma aksara Latin mawi sêkar, rinêngga ing gambar ringgit wacucal 20 iji isi 78 kaca, rêgi f 0.50.

Mênggahing lampahan ringgit, lampahan Narasoma punika nêngsêmakên, kêbak piwulang warni-warni, saya tumrap ingkang sinawung ing sêkar punika, sêngsêmipun botên ngêbosêni, dhadhar sêkaranipun sae, nêngga ing gambar kathah, ingkang babonipun saking ringgit adèn.

Lan malih ugi sampun ambabar buku waosan Abimanyu Kèrêm, aksara Jawi, mawi sêkar, cap-capan kaping kalih, mawi rinêngga ing gambar ringgit.

Mirid anggèning buku punika sampun dipun êcap kaping kalih, nandhakakên buku wau dipun karênani ing ngakathah, mênggah cêkakaning cariyos nyariyosakên pusaka nata Pandhawa ical, Dèwi Wara Sumbadra jumênêng nata wontên ing tanah sabrang. Buku cap-capan ingkang kaping kalih punika rêginipun namung f 0.50. Rumiyin f 0.95.

Buku kalih warni ingkang kasêbut ing nginggil punika, salugu buku waosan ingkang nocogi kalihan raos Jawi.

Tanggap Warsa Dal 1863

Administrasi, redhaksi tuwin sanès-sanèsipun, ngaturi sugêng dhatêng para lêngganan tuwin pamaos Kajawèn, anyarêng tumanggaping warsa Dal 1863.

Mugi sadaya kaparênga anglanggêngakên pangapuntên sami wêngku-winêngku.

Adm. Tuwin Red.

Kajawèn

--- 570 ---

Bab Nênanêm

I. Bab: Nanêm pantun gagi

[Mijil]

Mijil ingkang mangripta murwani / mangke winiraos / nanêm pantun wontên ing pagagèn / kêdah gadhah pacul arit wangkil / pêthèl pecok linggis / garu lan barujul //

[Grafik]

... wasana kabêsmi, sami dados awu.

wiwit môngsa katiga ki tani / sampun amirantos / tata-tata saubarampene / lajêng tapuk dènirarsa gagi / tan kasêsa benjing / tônja môngsa labuh //

wontên dene yèn pagagèn lami / ciyut kirang wêngkon / sumawana cêngkar pasitène / gya ambubak wana têpis iring / kang sampun dinugi / sitinipun mawug //

kêkajêngan sadaya gêng alit / tinêbang tinêgor / lêbur tumpur ludhês bondhotane / yèn tumpukan sampun sami garing / wasana kabêsmi / sami dados awu //

lajêng dhèdhèl lire angrèncèki / pang agêng kinêthok / sangkrah-sangkrah pan siningkirake / jêr punika sampun mikantuki / kajêng dang utawi / magêri ing ngriku //

lan kajawi punika ki tani / sok pikantuk tawon / kang pinanggih wontên babadane / pala-pala gadhung lawan uwi / bêdhèr miwah pakis / kêtupuk myang umbut //

saluntaning ki juru mratani / lajêng sami bacok / angrêsiki kêbondhotan lire / tinimbuk ing tunggak gya binêsmi / murih botên sêmi / sukur dados awu //

ing wasana lajêng sami bêsik / nging botên kaobong / lêlarahan dèn kalêmpakake / kangge tambak andhan-andhan sami / ing tanah kang miring / yêkti dados tanggul //

jawah agêng siti sami kèli / nglarutakên lêmon / kadosdene sabin tanah pèrèng / kêdah dipun andhan-andhan sami / mrih kèndêl kang warih / sagêda angêndhut //

sanajana pagagan ing ardi / mamrih awèt êloh / inggih kêdah katanggul èstune / kadidene sabin wau nanging / mung kadugi-dugi / wiyar ciyutipun //

ing sasagêd-sagêd dipun purih / kang ciyut kemawon / dados botên kinggilên tanggule / sarta cêthèk panampinge nginggil / siti tan kuwalik/ [kuwa...]

--- 571 ---

[...lik/] lêstantun anyabuk //

namping sarta angalis-alisi / prayogi kang dhoyong / kêkah botên gêmpalan watake / ngandhap tamping prêlu dèn kalèni / margi toya mili / nuju jawah agung //

dados malang lampahe kang warih / lêmpêr tan gumrojog / yêkti awèt ing ngriku lêmène / lah makatên yèn ing tanah miring / punika prayogi / manawi tinurut //

sayêktine kyai juru tani / sampun sami ngrêtos / tiyang babad sok wontên bekane / sima lawan andhapan tanapi / kewan alit-alit / dados kalamêrcu //

langkung-langkung sawêr ingkang mandi / yèn ngantos anyokot / santêr sangêt wisa pangêsuke / dhatêng ing rah lan yèn kenging warih / sanalika radin / ing badan sakojur //

milanipun têdah dèn tangsuli / cêlak kang kacakot / murih botên lumampah wisane / nanging kêdah asring dèn uculi / dados êrah rêsik / ngêjogi ing ngriku //

ananging ta dangu-dangu yêkti / wisa amarojol / sarèhne ta ing ngriku èstune / têbih lawan kadhoktêran masthi / langkung nguwatosi / emut dipun emut //

kapragatna ayam ingkang alit / pundi kang cinakot / tinapêlkên supados wisane / suda mêdal amargi katarik / rah ayam sing Jawi / manawi pitulung //

lèn punika wontên jampi malih / dienggal kemawon / mêndhêta ron luwingan kang ênèm / kamamaha kangge blonyoh kanin / toya dèn sêsêpi / sok ugi pitulung //

sata eca sagêd mitulungi / kawênyêd kang nyonyot / kanthi toya kapêrês takêre / kirang langkung mung sagêlas alit / kaombèkna nuli / ampasipun wau //

lajêng enggal kangge amblonyohi / tatu kang cinakot / tiyang wau punika èstune / lajêng mêndêm anglêr tandya guling / yèn sampun ngalilir / ical sakitipun //

Pun: Su: Tlawong - Sawit

[Grafik]

Mêsin mabur sadhiyanipun presidhèn Associated Aviation Clubs Incorporation of Amerika. Bilih sampun rampung, badhe kangge anggêgana ing sanginggiling Amerikah, saha sagêd anjajah kirang langkung 1000 kitha.

--- 572 ---

Raos Jawi

Panggrêsahing manah

[Dhandhanggula]

pindha dhandhang munya môngsa agring / sêsambate para janma mangkya / tan ana beda-bedane / kuli-kuli rawat luh / dènnya angèl ngupaya misil / ing kutha miwah desa / tanna bedanipun / wit pakaryan samya nyuda / kèhing kuli tanapi wêtuning picis / awit môngsa rêkasa //

bapa tani sêsambat mlas asih: / awit wulu pawêtu ing desa / palakirna sasamane / miwah kang rupa pantun / pêpajêngan lir tanpa aji / iku bisaa enggal / pêpajênganipun / wus murah adol rêkasa / tarkadhangan dèn idêrkên mêksa bali / ginawa marang wisma //

pra sudagar ingkang laku grami / sabên dina sêsambate grêsah / nora kaya môngsa kiye / dagangan tumpuk-tumpuk / nora nana janma kang mipik / rêrêgan saya suda / yèn tan wani nêmpuh / kapitunan sawatara / liya dina tunane saya andadi / wêkasane rêkasa //

para blanjan sambate dêrwili / awit blônja tansah suda-suda / tur nora sithik sudane / rusak rancangan butuh / pagawean ambanyu mili / rowangnya saya suda / mula tansah ngadhuh / maju rupak mundur rusak / pamupuse iki jaman lagi agring / manawa têmbe mulya //

nara praja tansah montang-manting / gènnya mikir murih widadanya / kawula ing wêwêngkone / têntrêma gêsangipun / aywa kongsi kaparag agring / miwah ywa kakurangan / sandhang panganipun / tinêbihna ingkang kara / sinirika ing janma kang laku juti / rinakêt suka arja //

kang supaya jumbuh pamikiring / paprentahan marang wêwêngkonnya / mula ana pitulunge / Gusti kang murbèng tuwuh / paring eling mring titah sami / samya angèstokêna / ing rêrigênipun / panulaking kasangsaya / ora liya mung nyuda wêtuning dhuwit / kang kurang paedahnya //

angundhaki gêmi iku wajib / padha nganggo urip kang prasaja / dianggo ing sabanjure / pindha jaman rumuhun / caritane si kaki nini / urip luwih prasaja / dene gêsangipun / wus sênêng tanna bedanya / lawan mangkya malah sênêng duking nguni / wit ngêgungkên panrima //

dene lamun sagunging pra janmi / datan iyêg agêsang prasaja / miwah tumindaka gêmèn / nambahi wêkêlipun / upamane jagade agring / nora olèh têtômba / satêmah kabacut / saya-saya karusakan / saya angèl pulihe lir wingi-wingi / tangèh manggih raharja //

R. Martasuma

Ngawôngga

jatinira rasa kang tan manis / yèn rinaras kang kongsi karasa / tinêmumu padha bae / awit lakuning petung / datan owah salami-lami / yèn kalaning kaloman / datan ngrasa wuwuh / balik mangkya kinurangan / ngrasa lamun tinêkêk satêngah mati / sêsambat ngaruara //

nulya èngêt tumindak prêmati / uning maring tumanjaning petang / nyupêt ingkang kae-kae / mèngêt maring wong sêpuh / ingkang anggung grètèh nuturi / mangkya inganggêp nyata / sae wulangipun / nanging lêlakyan mangkana / jatinira kaprah samya anglampahi / tan lyan amung narima //

Red.

--- 573 ---

Jagading Wanita

Pakêmpalan: Sri Tumurun ing Blora

Mirid namaning pakêmpalan punika, kados para maos lajêng sagêd ngintên, bilih punika namaning pakêmpalan wanita. Dene nyatanipun, pakêmpalan: Sri Tumurun punika pakêmpalan wanita ing Blora, adêgipun sampun sawatawis wulan, katingal majêng.

[Grafik]

Para pangrèh saha para warga: Sri Tumurun

Ingkang ngadani damêl pakêmpalan wau panjênêngan patih ing Blora, ingkang dipun sayogyani ing ngakathah, pakêmpalan wau lajêng dipun namakakên: Sri Tumurun, dene kajêngipun mêndhêt saking raos Dèwi Sri punika putri ingkang agung sawabipun, tumurun ing Blora. Minôngka pasêmon wunguning para putri ing Blora, ingkang taksih manggèn wontên ing pêpêtêng.

Ancasing pakêmpalan wau badhe:

a. Ngudi supêkêting pawong mitran sasamining warganipun para putri ing Blora.

b. Tulung-tinulung samôngsa wontên kasusahan tuwin wontên damêl paridamêl. Kanthi lampah nyumbang bau suku, inggih punika bau tuwin arta sawatawis.

c. Andandosi tumindaking kabêtahan, kanthi sêsorah murih tumindak gêmi.

d. Ngawontênakên celengan, salajêngipun kangge krèdhit kopêrasi dhatêng para warganipun, minôngka pananggulang prakawis sambut awrat.

e. Ngawontênakên barang sewan kabêtahaning bale griya ing kalanipun wontên prêlu, kanthi tatanan prayogi.

f. Ngudi ajênging kasagêdanipun para wanita ing Blora, kanthi tindak:

1. Ngawontênakên kursus a.b.c. kangge ngajêngakên para ingkang sami botên sagêd maos, ngantos dumugining sagêd maos lan nyêrat.

2. Kursus basa Walandi, Inggris, tuwin sanès-sanèsipun, kangge nyadhiyani sintên ingkang kaparêng.

--- 574 ---

3. Sabên Minggu kapisan ing dalêm sawulan, kawontênakên sinau olah-olah.

4. Sabên Minggu ingkang kaping kalih ing dalêm sawulan, kawontênakên pasinaon padamêlan tangan.

5. Sinau mrêban tuwin ngupakara lare. Bab punika sawêg ihtiyar sagêdipun kalampahan.

Ing sasisih punika gambaripun para pangrèh tuwin warganipun pakêmpalan wau, nalika badhe sinau olah-olah wontên ing kapatihan, Blora.

Katranganipun No. 1. Radèn Ayu Sudirman, pangarsa, No. 2. Radèn Ayu Sastradimêja (Radèn Ayu Patih), panuntun olah-olah, No. 3. Radèn Rara Mujiyati, panuntun padamêlan tangan, wêdalan Huishoudschool. Sanès-sanèsipun botên tumut kagambar.

Pawartos Saking Administrasi

Lêngganan nomêr 124 (t. Sastrowijoto), kêlungsèn sangêt anggèn panjênêngan paring priksa.

Lêngganan nomêr 1787 (t. Ajik), Kajawèn nomêr 1 dumugi 10 sampun dangu têlas, jalaran saking punika panjênêngan kapetang dados lêngganan wiwit 1/8-'32.

Ngaturi Uninga

Ing dintên punika, Petruk botên angêdali, amargi kêpambêng kirang sakeca. Makatên ugi pun Pênthul, ing dintên punika nuju arungan prêlu, ugi botên ngêdali.

[Iklan]

--- [645] ---

Ôngka 39, 7 Sura Dal 1863, 14 Mèi 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [597] ---

Ôngka 39, 7 Sura Dal 1863, 14 Mèi 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining Kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Tatwawara

[Dhandhanggula]

apa ingkang luwih dening pait / angungkuli pêpait sadonya / kasoran bratawaline / sandilata lan sêmbung / nadyan klèlèt kasoran ugi / kabèh tan ana madha / kadi paitipun / wong kang tinagih ing utang / ngalor ngidul mung anggone arsandhêlik / marma dèn singgahana //

apa ingkang atose ngungkuli / watu wêsi pamor miwah waja / butênging ati nyatane / tandhane wus tan petung / lara pati tan dèn elingi / ujar kang mrih raharja / nora pinaèlu / gêtune katêmu wuntat / yèn wis eling rekane tobat dharindhil / yaiku ati setan //

apa ingkang adhême ngluwihi / sagung banyu banyuning talaga / myang banyu dharatan kabèh / wening pala gumantung / wening pala kapêndhêm sami / kasoran durung padha / nadyan banyu wayu / sawindu lan èse pisan / sanyatane puniku adhêming ati / atine wong kang sabar //

luhur apa ingkang angluwihi / luhuring kang gunung Maliawan / myang kluhuraning pamase / dêdêling manuk mabur / kabèh durung bisa madhani / nadyan kang taranggana / surya lan sitangsu / kabèh maksih kaungkulan / lawan luhur sajati luhuring budi / budining janmotama //

--- 598 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Kawontênan ing Bopên Dhigul

Sambêtipun Kajawèn nomêr 38

Tiyang Kaya-kaya punika kalihan ambêkta rencang satunggal sarana numpak baita amurugi panggenanipun têtiyang Kaya-kaya ingkang undang-undang.

[Grafik]

Tiyang jalêr Papuah ingkang sampun gadhah bojo.

Sarêng sampun dumugi panggenan ingkang dipun sêdya, têtiyang Kaya-kaya ingkang sami undang-undang wau botên katingal. Tiyang Kaya-kaya ingkang umur pitulas taun wau lajêng badhe mandhap amadosi tiyang Kaya-kaya ingkang undang-undang. Sawêg kemawon badhe mlangkah dhatêng dharatan, wontên jêmparing cumlorot angèngingi. Tiyang Kaya-kaya ingkang kenging jêmparing dhawah krungkêb wontên ing pinggir lèpèn. Sawêg badhe tangi nêdya lumajêng (awit tatu jêmparing botên rêkaos, dhawahipun punika jalaran kagèt). Sampun dipun tubruk kabêkta lumajêng dhatêng wana. Tiyang Kaya-kaya satunggalipun sarêng sumêrêp kadadosan punika lajêng anggêbyur ing lèpèn, ugi kajêmparing malih lêpat.

Tiyang bucalan ingkang kengkenan tiyang Kaya-kaya punika sumêrêp kawontênan makatên punika lajêng lapur dhatêng pulisi panjagi katêntrêman. Pulisi panjagi katêntrêman lajêng têrus angaturi uninga sarana telephun dhatêng pangagêng paprentahan ing Tanah Merah (Dhigul).

Botên antawis dangu wontên saradhadhu numpak motor but amurugi kadadosan punika. Ing ngriku para saradhadhu sami mandhap anglacak. Watawis salangkung mètêr manggih bangke tiyang Kaya-kaya kantun gêmbungipun kemawon, lajêng kabêkta dhatêng motor but. Saking ing ngriku têrus kabêkta dhatêng griya sakit. Sasampunipun kapriksa lajêng kapurih ngubur dhatêng Kaya-kaya ingkang sami ngèngèr têtiyang bucalan. Ing wêkdal punika têtiyang Kaya-kaya ingkang kapurih ngubur botên mawi undang-undang, awit ing wêkdal punika têtiyang Kaya-kaya ugi sami nglayat.

Miturut katêranganipun satunggiling tiyang bucalan ingkang badhe nêdya kesah saking Tanah Merah wangsul ing margi (tiyang bucalan ingkang nêdya minggat punika namung tiyang kalih, ingkang satunggal tilar donya ing margi

--- 599 ---

nalika badhe wangsulipun dhatêng Tanah Merah), bilih piyambakipun wontên ing wana kalêrêsan manggih kampungipun tiyang Kaya-kaya. Tiyang bucalan punika nyipêng wontên ing salah satunggiling griyanipun tiyang Kaya-kaya sêpuh. Kaya-kaya sêpuh punika dipun pitakèni margi dhatêng jajahan Inggris. Tiyang Kaya nyukani pêpèngêt supados wangsul dhatêng Tanah Merah, awit sakiwa têngênipun wana ingkang dipun dunungi têtiyang Kaya-kaya punika kathah rawanipun saha manawi nêrusakên mangalèr saking kampung punika dumugi sukunipun rêdi Yulianah, ing ngriku wontên kampungipun tiyang Kaya-kaya ingkang kulitipun pêthak saha taksih purun nêdha tiyang. Tiyang bucalan punika mêksa adrêng nglajêngakên lampah, tujunipun mangetan. Kintên-kintên lampahan satêngah dintên dumugi rawa agêng. Wontên ing ngriku kancanipun tiyang bucalan ingkang nyariyosakên lêlampahanipun punika sakit malariah. Sangunipun pil sampun têlas. Tiyang bucalan ingkang sakit punika taksih kiyat, awit sakitipun dèrèng sangêt. Ing dintên punika ing sarèhning rinaos sampun botên sagêd anglajêngakên lampah, amila lajêng kaajak wangsul kaangkah sagêd nyipêng wontên ing kampungipun tiyang Kaya-kaya sêpuh ingkang nyukani pêpèngêt.

[Grafik]

Griya ing pakampungan ing tanah Papuah.

Ing wanci kintên-kintên jam sadasa dalu dumugi ing kampung Kaya-kaya, inggih anjujug griyanipun tiyang Kaya-kaya sêpuh wau. Enjingipun têrus lumampah nêdya wangsul dhatêng Tanah Merah. Wontên ing margi tiyang bucalan ingkang sakit punika sakitipun sangêt saha sampun botên sagêd anglajêngakên lampahipun, lajêng tilar donya. Anggènipun tilar donya punika kintên-kintên lampahan sêkawan jam saking kampung ingkang sisih wetan piyambak inggih punika kampung D. Mayitipun inggih lajêng dipun kubur wontên ing ngriku ugi. Ingkang rawuh ing panggenan punika panjênênganipun dhoktêr kalihan priyantun B.B. sawatawis sarta têtiyang bucalan.

Kajawi nyariyosakên bilih ing sukunipun rêdi Yulianah taksih wontên têtiyangipun Kaya-kaya ingkang nêdha tiyang, ugi nyariyosakên kawontênanipun kampung Kaya-kaya. Cariyosipun makatên:

Wujuding griyanipun tiyang Kaya-kaya punika, acagak kajêng agêng-agêng (garisipun têngah kintên-kintên tigang dasa sèntimètêr) kapagas nginggilipun, adêgipun lêt kawan mètêr, kadosdene tatanipun saka guru. Inggilipun kintên-kintên nêm mètêr, dene inggilipun saking siti watawis sakawan mètêr. (Griya

--- 600 ---

punika wangunipun kados gubug ing tanah Jawi, ingkang limrahipun kangge anjagi sabin).

Têtiyang Kaya-kaya punika manawi minggah ing griya botên ngangge ôndha, namung cagaking griya kasukanan tataran.

Tatacaranipun têtiyang Kaya-kaya ingkang sami kapanggih kalihan mitranipun makatên:

Samôngsa wontên tiyang dhatêng, drijinipun panuduh ingkang gadhah griya kagantholakên kalihan drijining tamu lajêng katarik ngantos wongsal-wangsul, ngantos gangsal mênit dangunipun, kadhang-kadhang inggih langkung dangu. Tindak makatên punika kalihan omong-omong nyariyosakên kawilujênganipun.

Miturut katêranganipun tiyang Kaya-kaya piyambak, ingkang sok têtabikan makatên punika, satunggaling tiyang Kaya-kaya ingkang katawan kapanggih sadhèrèk utawi bangsanipun.

Panalôngsa sarana têtêmbangan inggih sampun gadhah. Amila kula sagêd cariyos makatên, awit kula piyambak sampun nate ngingah tiyang Kaya-kaya. Ing wanci dalu kintên-kintên jam sadasa dalu piyambakipun rêngêng-rêngêng. Kula mirêngakên raosing manah kula inggih tumut karaos.

Sarêng manah kula tumut karaos kula lajêng kêpengin badhe sumêrêp suraosing uran-uran punika, kula lajêng alon-alon amurugi. Sarêng cêlak, kula lajêng namatakên kawontênanipun. Badhe kasambêtan.

Aris Munandar.

[Iklan]

--- 601 ---

Bab Nênanêm

Bab Nanêm Pantun Gagi

III

[Asmaradana]

pagagan wau prayogi / kajagan pala kasimpar / krowodan lan sasamine / jèpèn jagung lan katela / têbon gambas lan kara / timun waloh lan jawawut / sêmôngka kacang myang kênthang //

pundi ingkang dèn sênêngi / pananême kadugia / sampun ngantos ing têmbene / ngrêmpayah ambyang-ambyangan / adamêl kapitunan / sumpêg angayomi pantun / pantun kêkirangan têdha //

prayogi dèn ta ngajagi / mung urut pagêr pinggiran / utawi ing galêngane / tuwin sasêlaning sela / yèn tanêman marambat / marambat ing sela ngriku / yêkti dados kauntungan //

Pucung

pantun wau manawi sampun lêmancur / rumput-rumput tuwah / tunggak-tunggak sami sêmi / lah punika prayogi dipun watuna //

sêmènipun kaprethelan kang barundhul / rungkud binabadan / rumputira dèn têringi / ingkang napis nanging sinisir kewala //

murih sampun mêdhotakên oyod pantun / dados botên kantrak / lêlarahan dèn aragi / sagêd pêjah têmbe dados rêmpah-rêmpah //

mumpung pantun taksih alit gothangipun / sae kasulaman / yèn sontên waktu garimis / sagêd gêsang tur botên dados kunthingan //

sulam wau kasêmpalna ingkang subur / agêng angrêmbaka / yèn makatên sami-sami / tan katrini kang kantun lan kang tinukar //

pantun dudut ngajêngkên mapak puniku / rumput lan sêmenan / sampun sami agêng malih / kawatuna kados ing wau punika //

badhe blêdug manawi ing ngriku rungkud / sae kabradhatan / kados kaki juru tani / pedahipun sampun sumêrêp sadaya //

mêne sampun amratak pantun anjêbul / lajêng kaadêgan / gubug kang kapara inggil / siyang dalu prêlu kangge jagi ama //

ama wau utawi panjaginipun / ki tani sadaya / kados sampun nguningani / mila ngriki botên susah winursita //

panènipun ing ngriki botên winuwus / mindhak amêmanjang / tur sampun winahyèng nginggil / lan ki tani saèstu sampun uninga //

mangke muwus: bab sêndhête tanêm tuwuh / sabab kang sapisan / saking awonipun wiji / ingkang awit botên patos pinilihan //

kalihipun: saking botên purun ngrabuk / siti ngantos gathak / prandene tan dèn lêmèni / milanipun saya lami saya kêra //

katrinipun: tan ngeman gajihe luntur / tanpa andhan-andhan / manawi tumrap ing sabin / bucal toya waktu buthêk tan prayoga //

kaping catur: panggarape kirang dhayung / arujak mêntahan / kasêsa dènnya nanêmi / lah punika awonipun tumpa-tumpa //

gangsalipun: groboh panguline lêmpung / tanpa pangawikan / mung anggêre dèn tanêmi / botên manah dhatêng sudane pamêdal //

ping nêmipun: saking dene botên nurut / ugêr kang sanyata / lêpat pananême wiji / yèn makatên ugi dados kapitunan //

kaping pitu: tan cocog mangsane taun / trêkadhang

--- 602 ---

balêbah / trêkadhangan kirang warih / yèn makatên têtêp nama sambekala //

kaping wolu: saking katêmpuh ing satru / sêsakit lan ama / awit panggarape siti / môngsa gèsèh weyane dèn ta rumêksa //

[Grafik]

Pagagan ing parêdèn

sanganipun: jalaran saking pangêpluk / dènnya ngupakara / prasasat tan dèn opèni / yèn makatên tartamtu dados pituna //

sadasa mung: awit saking kêsèdipun / nambuhi pangwikan / kang sampun nyata utami / lah punika gabugipun narakarya //

mangke muwus: sêmpulure tanêm tuwuh / sapisan jalaran / saking saenipun wiji / awit dene pinilih kanthi pangwikan //

kadwinipun: awit tabêri angrabuk / ing pasitènira / wêkasan sansaya lami / botên kêra malah dados tanah lêma //

katrinipun: angeman lêmène luntur / dipun andhan-andhan / tumrapipun siti sabin / wêktu buthêk botên ambucali toya //

kaping catur: matêng pengolahe dhayung / wit kaangkah-angkah / botên kasêsa ing wingking / ambadhodhok siti sagêd angalêra //

gangsalipun: uli panguline lêmpung / kanthi pangawikan / sae dènnya ngupakarti / mila sagêd ngindhakakên kauntungan //

ping nêmipun: sarèhne kanthi lan kawruh / botên tidha-tidha / sae pananême wiji / mila inggih ngindhakakên kauntungan //

kaping pitu: kapinujon mangsanipun / jawahe cêkapan / dhawahe lesus lan angin / botên nuju kaapêsane tanêman //

kaping wolu: botên tinêmah ing satru / jalaran rinêksa / sae panggarape siti / sarta malih lêrês pamilihe môngsa //

sanganipun: saking dene tanêm tuwuh / wau rinuktenan / datansah dèn upakarti / milanipun ngindhakakên kauntungan //

sadasa mung sangu budi lawan kawruh / kanthi kapêthêlan / tata lairipun masthi / botên tuna malah angsal kauntungan //

Pun Su. Tlawong-Sawit

--- 603 ---

Nagari Ngamônca

Pasulayan Jêpan kalihan Tiongkok

Ing bab kawontênanipun praja kêkalih ingkang sami pasulayan, inggih punika praja Jêpan kalihan Tiongkok, ing ngajêng sampun kapratelakakên kados pêpindhanipun pêlêm, ingkang ing jawi sae ing nglêbêt bolèng. Pangintên makatên wau tansah pinanggih tôndha yêktinipun, ing ngrika-ngriki tansah tuwuh sabab ingkang botên kinintên. Sakêdhap tuwuh saking golongan Jêpan, sakêdhap malih tuwuh wontên ing golongan Tiongkok. Nanging kawontênan ingkang kados makatên punika, ingatasipun wontên ing jaman paprangan, inggih nama limrah, awit satunggal-satunggaling golongan sami mêngku kajêng nêdya pados unggul, inggih sanadyana nindakakên patrap kados pundi kemawon.

[Grafik]

Jendral Shirakawa

Tuwuhing sabab ingkang botên kinintên, asring ngagètakên, malah sabab ingkang tuwuh kantun piyambak punika sakalangkung adamêl gawok. Inggih punika nalika ing Sjanghai nuju kawontênakên paradhê ngurmati wiyosanipun nata Jêpan, wontên bom anjêblos ingkang sakalangkung ngêgètakên, bom wau cêtha asli saking dipun uncalakên ing tiyang. Panjêblosing bom angèngingi para pangagêng Jêpan ngantos nandhang tatu rêkaos. Ingkang kataman wau utusan Jêpan, panjênênganipun Shigemitsu, kongsul Jendral Murai, admiral Nomura, Jendral Shirakawa, Jendral Uyeda tuwin sanès-sanèsipun malih. Ing sanalika inggih lajêng katingal, bilih tuwuhing kasangsaran wau saking golongan Tiongkok, awit ingkang dipun tuju golongan Jêpan. Malah ing sanalika ngriku inggih lajêng wontên bôngsa Tionghwa 7 tuwin tiyang ingkang nguncalakên bom, bôngsa Korea nama Ymho Kitsoe, sami dipun cêpêng.

Iing.

sanalika ngriku wartosipun lajêng sumêbar dumugi pundi-pundi. Dene para pangagêng ingkang nandhang brana wau, Jendral Uyeda pipinipun ngalonyom. Admiral Nomura kecalan mripat, tuwin Tuwan Shigemitsu putung sukunipun, ingkang wêkasanipun dipun kêthok. Sanadyan kawontênanipun praja Sjanghai kados makatên, nanging wantunipun punika namung nama tindak cidra, dados sanès babagan prakawis ingkang gêgayutan kalihan prêluning praja, mila ing bab rêmbag padhamèn inggih taksih dipun lajêngakên. Ing bab punika saya katingal cêtha, sarêng rêmbag wau taksih [ta...]

--- 604 ---

[...ksih] dipun lajêngakên dening pangagêng Jêpan ingkang sami nandhang tatu rêkaos. Inggih punika panjênênganipun Shigemitsu kintun pawartos kawat dhatêng Tokio, suraosipun, supados Jêpan utusan tiyang sanès, supados nôndha tangani sêrat ing bab kèndêling paprangan, ingkang pancènipun dipun tandhani dening Shigemitsu tuwin Uyeda. Ewadene ing bab punika pangagêng kêkalih punika botên badhe ngêndhoni lampahing sadèrèngipun wontên karampungan.

Wusana pinanggihing pawartos ingkang kawrat wontên ing tanggal 5 wulan punika, prajanjian unduring wadya Jepan, kalampahan sampun dipun tôndha tangani. Kêdah kalampahan ing salêbêtipun kawan minggu. Sasampunipun makatên, sukunipun Shigemitsu saèstu dipun kêthok, awit sampun ludhang. Dene unduring para wadya wau sami tinaliti dening para ingkang kajibah nitipriksa.

Kawontênanipun pawartos sadaya, manawi wêkasanipun wau lêstantun tanpa sabab ingkang anggarêndhèl, saèstu adamêl sênênging manah, awit inggih namung tindak makatên punika ingkang badhe damêl têntrêming donya.

Nanging lêlampahan punika manawi sampun kalajêng rame tuwin sampun cawang-cawang, sirêping pasulayan ing golongan Jêpan tuwin Tiongkok punika, sajak-sajakipun kados mawa siniram ing toya, sanajan mawanipun sampun pêjah, nanging sumubipun taksih araos bêntèr. Dados pêjahipun mawa dèrèng araos asrêp.

[Grafik]

Shigemitsu kalihan Jendral Uyede.Uyeda.

[Grafik]

Admiral Nomura

Ing sapunika gêntos tumrap golongan Sovjet ing Mansjoerie, kawontênanipun botên tilar gêgayutan kalihan Jêpan. Malah wontên pawartos, krêtêg sêpur salèripun Kirin mêntas dipun bom, adamêl tiwasing prajurit Mansjoerie 23. Ing bab punika golongan Jêpan lajêng alok, bilih lêlampahan punika tuwuh saking pandamêlipun Ruslan.

Malah ing bab tindak wau kadosdene lajêng dipun têtêpakên saking pandamêlipun Ruslan, sadaya tindak paracidra, sami dipun ayomi dening pangagêng Sovjet, saha lajêng katingal, sawarnining pakaryan sami dipun pangagêngi dening golongan wau, mila lajêng kathah rakyat Sovjet sami dipun cêpêngi.

Ing mangke gêntos angraosi tumrap kabêtahaning golongan Tiongkok piyambak. Kacariyos para pangagêng ing Canton sami rumaos ngungun dhatêng tindakipun Chiang Kai Shek, dene pananggulangipun [pa...]

--- 605 ---

[...nanggulangipun] dhatêng Jêpan kêndho sangêt. Manawi kados makatên, tumrapipun golongan Tiongkok tamtu badhe pêcah-pêcah. Kêkênthêlaning rêmbag, wontên golonganing pakêmpalan cacah 89 kintun pawartos kawat dhatêng Chiang Kai Shek tuwin dhatêng Wang Ching Wei, mratelakakên, bilih tindak makatên wau badhe ngasorakên darajat Tiongkok.

Wusana namung pinuji, pawartos sadaya wau, mugi wohipun pinanggiha sae.

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Tatakrama

XIII

Garèng : Ayo, Truk, padha ambacutake rêmbugane ing bab tatakrama, nanging iya aja slèdèr nganggo mandhêg: mbakmi, nahu gorèng, nyaoto, utawa tlencengan: ayo ayo nyang barongan, dhuh, ya yane, iki mundhak andêdawa dalan bae, saiki caritakna mungguh sing diarani: tatakramane solah tingkah, lo kuwi sing kapriye.

Petruk : Ya kuwi solah tingkahe kudu sarwa tata. Têgêse: saupama kowe ngadhêp bôngsa luhur, utawa para sêpuh, ing môngka lungguhe nyang ngisor, lungguhe kudu sila ngêthêpês, ngapurancang, kapara tumungkul. Nèk lungguhe ana ing kursi, patrape lungguh mau sing kêpara ngarêp, têgêse: tibaning bokonge sumèlèh ana ing têngah-têngah kursi, cingkloke ditêkuk urut, tangane loro tumumpang dadi siji sumèlèh ana ing antarane dhêngkule loro, linggihe jêjêgna mung rada ambungkuk sathithik, lan aja nganti katon ulate pandirangan mrana-mrana.

Garèng : Nèk lungguh lesehan, patrape kaya sing kok omongake mau, aku iya rada anggêsin, nanging nèk kursèn, kok mêngkono, lo kuwi nèk panêmuku, kok nyara kolot, alias cara jaman asu ora enak. Nèk saiki jamane rak cara Lônda, lungguh kursèn kuwi rak cara Lônda, patrape lungguh iya kudu cara Lônda, dadi iya sakêpenake. Ing sarèhne mung kudu sakêpenake bae, dadi saupamane mêngkene: sikile tumpang dhêngkul, awake sumendhe nang kursi lan tangane dirangkulake nang kursi, kaya-kaya iya kêna-kêna bae.

Petruk : Wiyah, kuwi rak patrape lungguh Walônda thethekan utawa Walônda sêmprul, têgêse: Walônda sing nalika sinyone pangajarane mung golèk kênari utawa nutur têgêsan. Kajaba ta nèk karo sakancane dhewe sing tanpa nganggo subasita, têmtune lungguh sakêpenake iya kêna-kêna bae, nanging nèk karo sing prênah tuwa utawa karo panggêdhene, [panggêdhe...]

--- 606 ---

[...ne,] mêsthine iya ana bae aturane. Hla, kuwi salahe bangsane dhewe umume, dupèh bôngsa Walônda saiki dianggêp bôngsa sing luhur drajate, banjur ora nyawang dhisik apa Lônda brêkasakan apa Lônda priyayi, salaku-lakune banjur ditiru bae. Kaya ta nèk kabênêr tayuban rangkul sing sok nganti agawe munggah mêdhun kalamênjing, iya ditiru. Jarene wong cara Lônda. Nang pasamuwan bêngak-bêngok nganggo clewa-clewo sabab kêbanjiran ciu, jarene iya brêgas kaya Lônda, dalasan lanang wadon sing dudu akrabe padha plêsir-plêsir mung têkan jam 1 bêngi bae, kathik iya ditiru, dianggêp kaya ngono kuwi cara Lônda. Apa iya ora kêbangêtên, pakne, pakne. Aku pêgatên bae...

[Grafik]

Garèng : We, hla, edan apa Petruk kiyi, ana kok banjur kaya wong wadon arêp dimangro ngono...

Petruk : Wiyah, wong dimaru, kok diêlih dimangro, apa kowe rumasa anjinangke abang, kathik ngêlih-êlih jênêng barang. Ora, Kang Garèng, anggonku ngandharake kaya ing ngarêp mau, aku mung arêp nuduhake, nèk pancèn iya bênêr kêkumpulane bôngsa Walônda kuwi sajak kepre, tanpa nganggo subasita, nanging mungguh sanyatane iya nganggo diwatêsi. Tumrap bôngsa Walônda sing pancèn pangajaran utawa priyayi, apa kok kira uga dianggêp bêcik: tayuban rangkul (dhangsah) sing plênêt-plênêtan nganti ora mêpakat kae, utawa lanang wadon sing dudu akrabe lêlungan nganti ora nganggo angon môngsa, apa manèh abuk-abukan, kuwi iya dianggêp panggawe sing asor bangêt. Mulane, Kang Garèng, sanadyan bôngsa Walônda kuwi kalêbu bôngsa sing luhur drajate, nanging kowe kudu bisa ambedakake kaanane Walônda priyayi karo Walônda... obral. Wis, tak banjurne mungguh sing diarani tatakramane solah tingkah.

--- 607 ---

Kajaba tindak tanduke kudu sarwa tata, omonge iya kudu sarwa tata, aja kok banjur sraweyan...

Garèng : Hla, kuwi têtela bangêt, yèn kowe pancèn ora ngrêti nyang urusan. Anggone wong ngomong sok nganggo sraweyan, kuwi mung arêp nyêthakake apa sing diomong. Upamane aku carita mangkene: wau dalu wontên pandung, sarêng dipun oyak lajêng lumajêng, nanging sagêd kacêpêng, sabab pandungipun lajêng kêjêgur blumbang. Hara, nèk dicaritakake mêngkene iki apa bisa cêtha lan nyênêngake, seje yèn anggone nyaritakake nganggo sraweyan tangane, mêsthi iya gupyuk, cêtha lan rame, kaya ta mangkene upamane: wah, wau dalu wontên pandung (tangane kiwa diobah-obahake lan dijêngit-jêngitake, nirokake carane maling ngintap-ngintip omah), dilalah kenangan ingkang gadhah griya, lajêng dipun oyak, wêr, wêr, wêr (tangan kiwa minôngka gêgambarane maling, tangan têngên sing duwe omah, banjur dioyakake klayan rêrikatan), ing wusana pandungipun lajêng kêcêmplung blumbang, cêblung (iki dibarêngi tangane kiwa ditibakake) salajêngipun ingkang gadhah griya lajêng: ciyèt (iki dibarêngake tangan têngên nubruk tangan kiwa) nyêpêng si pandung wau. Hara, Truk, nèk dicaritakake mangkono apa ora luwih cêtha. Apa manèh yèn kudu awèh katêrangan cara Lônda, nèk tangane sraweyan rak luwih cêtha manèh, kaya ta didangu presidhèn landrad: Apa nyata yèn saksi diantêmi dening pasakitan, lan kapriye carane anggone ngantêm. Lo kuwi nèk le mangsuli nganggo sraweyan tangane, rak ora kakehan têmbung tur iya wis bisa cêtha bangêt, kaya ta mangkene: ya wèl, mênir dhêpursittêr, so, so, mênir (dibarêngi tangan kiwa lan têngên ribut nuthuki êndhase: plak, plêk, plak, plêk).

Petruk : Wiyah, anggone kaya mangkono mau satêmêne rak mung saka gêcule bae, utawa saka kêkurangan ing têmbung, nganti anggone nyaritakake dibiyantu ing polah sing tumraping kasusilan diarani ku- rang-a-jar, utawa kurang urmat. Dadi ora saka olèhe arêp nêrangake utawa nyêthakake panggambare, nanging sabênêre ya wong ora ngrêti ing tata. Nanging Kang Garèng, rêmbuge padha dilèrèni samene bae dhisik, liya dina bae padha dibanjuranedibanjurake. manèh.

Pawartos saking Redhaksi

Kedhe ing kadho. Karangan panjênêngan sêkar blabak botên kapacak, guru lagunipun cara kina, raosipun kakên. Eman-eman.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 1815 ing Malang. Wisêl tampi. Amurih botên karoncèn, lajêng kalêbêtakên dhatêng kwartal 3. Dhuplikat sampun kakintun.

Lêngganan nomêr 3565 ing Tuban. Kêlêm ing Katrêsnan sêratan Latin, botên wontên.

Lêngganan nomêr 1061 ing Sala. Kêjawèn ingkang mêsthinipun mêdal dintên Rêbo kaping 27/4- kawêdalakên dintên Kêmis kaping 28-4 (dhèbêldhobêl. nomêr).

Lêngganan nomêr 4191 ing Kroya. Kirang f 2.50.

Lêngganan nomêr 3503 ing Panaraga. Kula aturi ngintunakên rêginipun rumiyin, inggih punika 5 kêthip.

--- 608 ---

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

Nak Sadhèrèk tuwin Misan.

Tumrap têtiyang Indonesia, langkung malih tumrap têtiyang Jawi, ingkang nama naksadhèrèk dumuginipun misan punika taksih kalêbêt sadhèrèk cakêt. Dhatêng naksadhèrèk tuwin misan, panganggêpipun tiyang Jawi limrahipun kadosdene dhatêng sadhèrèk tunggil yayah rena, têgêsipun botên anggadhahi subasita, tuwin botên anggadhahi rikah-rikuh. Bangsa Jawi ingkang pangkat luhur, manawi pancèn sae bêbudènipun, dhatêng ingkang kaprênah naksadhèrèk utawi misan wau, sanajan naksadhèrèk tuwin misanipun dados tiyang asor, inggih kêrsa rumakêt tuwin sêmanak, mèh botên beda patrapipun kalihan sadhèrèk ingkang tunggil sakringkêl. Dados cêkakipun, mila sampun dados adatipun bangsa Jawi, dhatêng naksadhèrèk tuwin misan punika, taksih katingal sangêt gêgandhenganipun. Sanadyan ingkang makatên wau sampun kalêbêt adat, ingkang badhe kawastanan botên utami manawi lajêng nyêbal saking adat wau, ewasamantên kathah kemawon têtiyang Jawi ingkang nganggêp naksadhèrèk tuwin misanipun, botên ngêmungakên kadosdene tiyang sanès, ingkang botên anggadhahi gêgayutan punapa-punapa, nanging ingkang kathah-kathah malah nganggêp kadosdene mêngsah. Dene sabab-sababipun botên punapaa, ngêmungakên jalaran nama-namaning naksadhèrèk tuwin misanipun wontên kuping Jawi botên srêg, nanging ragi pating brênggèl lan pating sêmbèrèt, inggih punika kados ta upaminipun:... Willem van Santen, Karel Oediker, Marie Sandelhout, Dora de Sate lan sapiturutipun. Ing sarèhning samangke punika jamanipun sampun majêng, sanajan namanipun ngajêng mawi nami ingkang botên anjawèni, nanging wingkingipun taksih mawi nama ingkang cocog kalihan pakêcapan Jawi, kados ta: Willem Sontoloyo, Marie Kramaleja, Dirk Grompol thèk, lo punika inggih botên patos anggilani, saha kathahing tiyang Jawi inggih taksih purun rumakêt sadhèrèkanipun, nanging manawi namanipun sampun migunakakên: van, de utawi mawi panambang er, sanajan namung Willem van Barongan, Leo de Goele utawi Christin Espoeter, ewasamantên panganggêpipun tiyang Jawi inggih lajêng dadakan têbih kemawon, sanajana taksih sanak cakêt sangêt, saha lajêng nuwuhakên golongan kalih, ingkang sami ngrujak sêntul, inggih punika ingkang wontên ingriki kenging kula sêbutakên golongan Kramantika lan golongan van Brongkos upaminipun.

Golongan kêkalih, inggih golongan Kramantika tuwin golongan van Brongkos wau, sanadyan taksih sanak cakêt, awit kados botên langka, bilih biyungipun sami sadhèrèk èstri, ewasamantên kathah ingkang sami sêsêngitan, jalaran golongan kêkalih wau gêsangipun wontên ing donya ngriki rumaos sami dipun beda-beda. Ing sarèhne gêsangipun rumaos dipun beda-beda, ing wusana salah satunggal inggih lajêng ngrumaosi langkung inggil drajatipun katimbang ingkang sanès. Ing ngriki lajêng dipun anggêp langkung inggil drajatipun sampun têmtu inggih golongan van Brongkos wau.

Wontênipun golongan van Brongkos langkung inggil drajatipun katimbang golongan Kramantika, punika kados sampun layak kemawon, awit golongan van Brongkos miturut pancêr jalêr anak turunipun para ingkang ambawahakên tanah ngriki. Dados mulabukanipun golongan van Brongkos punika pancèn kalêbêt dhatêng bangsa manca ingkang ambawahakên tanah ngriki ingkang sajati. Sanadyan danguning dangu tansah campur kalihan Sainêm, Paikêm lan Sarijêm, ngantos sipatipun ingkang sakawit musna babar pisan, saha lajêng sampun malih kados sipatipun pun Sarija upaminipun, ewasamantên ing sarèhne turun-turunipun wau tansah pancêr jalêr, amila wêwênang lan kuwajibanipun inggih tansah miturut dhatêng êmbah buyutipun pancêr jalêr, dados ing ngriki inggih wêwênang lan kuwajibanipun bangsa ingkang ambawahakên tanah ngriki punika. Nanging kosokwangsulipun, saupami ingkang campur kalihan bangsa ingkang kabawahakên punika èstri, têmtunipun tumrap anak turunipun inggih badhe punthês wêwênang lan kuwajibanipun bangsa ingkang ambawahakên wau. Ingriki dados botên beda kalihan wêwênangipun têtiyang ingkang gadhah sêsêbutan "Radèn" upaminipun, sanadyan turun maturun tansah campur kalihan bangsanipun Sarijêm, Kalinêm utawi Sikêm, manawi ingkang nurunakên têrus pancêr jalêr, sanadyan "rah adi" nipun sampun botên wontên satètès-tètèsa, nanging anak turunipun inggih taksih "Radèn" dhur-dhuran. Kosokwangsulipun manawi bangsanipun "Radèn rara" manawi semah kalihan Sariman, saha anak turunipun lajêng têrus-têrusan pikantuk bangsaning "si" kemawon, danguning dangu inggih lajêng mampêt Radènipun.

Mangga samangke sami ngrêmbag bab sanès. Jalaran tansah pangamukipun momok malèsèt, punika kabaripun ing Indonesia ngriki badhe katindakakên tatanan "Indianisatie" têgêsipun cêkakan: badhe migunakakên kêkiyatan wêdalan ngriki tuwin nêtêpakên blanja miturut ukuran ngriki.

Hla, mênggahing kula samangke angèl anggèn kula nêtêpakên ingkang dipun wastani: kêkiyatan wêdalan

--- 609 ---

ngriki tuwin blanja miturut ukuran ngriki punika. Awit kados ingkang sampun kula aturakên inginggil, ingriki punika wontên golongan kalih, ingkang sami wêdalan ngriki, nanging wêwênangipun beda-beda, inggih punika golongan Kramantika kalihan golongan van Brongkos wau. Dados manawi tatanan Indianisatie punika saèstu katindakakên, punapa botên badhe ragi rèwèl?

Mangga samangke sami ngandharakên rumiyin mênggah beda-bedaning wêwênanging golongan kalih wau, ingkang tansah nuwuhakên karewelan kemawon wontên ing jagat ngriki.

Golongan van Brongkos punika ing sarèhne miturut pancêr jalêr anak turunipun bangsa ingkang ambawahakên ngriki, sanadyan turun maturun dipun lairakên wontên ingriki, inggih lajêng anggadhahi wêwênang kadosdene bangsa ingkang ambawahakên, inggih punika bangsa Walandi. Kados ta upaminipun bab kukumipun kemawon, inggih sampun katamtokakên lan kapêsthèkakên sarana sinêrat. Dene kukum tumrap golongan Kramantika miturut waton adat, têgêsipun taksih gonjang-ganjing.

Jalaran beda-bedaning kukum tumrap golongan kêkalih wau, sampun têmtu inggih lajêng nuwuhakên prakawis warni-warni. Kados ta panjaginipun wêwênang tuwin barang-barang, punika inggih beda-beda. Manawi wontên pandakwan prakawis, panggledhahing griya, panyêpêngipun tiyang ingkang kadakwa, punapa malih panahanipun wontên ing buwèn, tumrapipun golongan Kramantika inggih namung: blêdhang-blêdhêng, cok gêmol tuwin blusak-blusuk kemawon. Nanging manawi ingkang kadakwa wau golongan van Brongkos, badhe nindakakên kados inginggil wau, têmtunipun inggih mawi... mangke rumiyin, dados botên kenging grusah-grusuh, nanging kêdah mawi palilahipun pangagêng Walandi ingkang wajib.

Dhawahipun wontên pangadilan golongan van Brongkos wontên ing Raad van Justitie, golongan Kramantika wontên ing Landraad. Lêrês samangke wontên ewah-ewahan sakêdhik, inggih cara pamriksan botên ambedak-bedakakên, namung punika tumrap prakawis ingkang alit-alit.

Caranipun andhawahakên ukuman, punika kadhangkala inggih sok mawi ukum beda-beda.

Papan paukumanipun tumrap golongan van Brongkos inggih wontên ing buwèn Walandi, ingkang sampun têmtu langkung sakeca pangupakaranipun, tur botên kapurih anyambutdamêl wontên ing sajawining tembok. Nanging papan paukumanipun golongan Kramantika... botên prêlu kacariyosakên malih.

Kados badhe kêkathahên manawi kaandharakên sadaya mênggah ingkang dados wêwênangipun golongan van Brongkos wau. Kados cêkap samantên kemawon.

Namung kosokwangsulipun golongan Kramantika inggih gadhah wêwênang, inggih punika wêwênang anggadhahi siti.

Ingriki kados prêlu angandharakên rumiyin, mênggah wêwênangipun golongan Kramantika anggadhahi siti wau, nanging inggih cêkakan kemawon.

Cara-caranipun anggadhahi wêwênang siti punika miturut cara kinanipun kemawon, inggih punika siti wau kaanggêp kagunganipun ratu, saha lajêng kagadhuhakên para kawulanipun. Caranipun anggadhuh wau wontên warni kalih, inggih punika anggadhahi sêsarêngan, ingkang katêtêpakên dening lurah dhusun sarta ingkang dados têdhanipun lurah dhusun angsal bêngkok siti. Jalaran saking punika têtiyang ingkang gêgadhuhan siti wau sami kenging kuwajiban nindakakên padamêlan dhusun. Ingkang angka kalih wêwênangipun andarbèni siti piyambak-piyambak. Wêwênang anggadhahi siti warni kalih wau, mèh sami kemawon kadosdene wêwênang anggadhahi siti eigendom. Bedanipun namung botên kenging nyade utawi anggantosakên sitinipun dhatêng bangsa manca. Wontênipun pamarentah ngawontênakên pranatan cara makatên punika botên sanès namung badhe ngrêksa dhatêng para kawulanipun ingkang sampun dipun uningani ringkihing kêkiyatanipun.

Mila inggih lêrês bilih bangsa golongan Kramantika anggadhahi wêwênang andarbèni siti, nanging ingkang dados sêsangkulanipun inggih awrat sangêt, dening kêdah tumindak nyanggi sadaya padamêlan dhusun, kados ta: gugur gunung, andandosi radinan, kalèn-kalèn, rundha utawi jagi dalu lan sanès-sanèsipun kados ingkang sampun sami tumindak samangke punika, nanging wêwênang sanèsipun sêpên. Lah sarêng golongan van Brongkos ingkang wêwênangipun sampun kathah sangêt wau, têka taksih mèlikakên dhatêng wêwênangipun golongan Kramantika ingkang kantun sacuwil punika, punapa botên nama êmbahning murka, utawi saupami kalampahan sagêd kabul kamèlikanipun wau, punapa golongan van Brongkos kêdugi nglampahi gadhah sêsangkulan kadosdene sangkulanipun golongan Kramantika, inggih punika bab padamêlan dhusun ingkang rêkaos sangêt wau.

Samangke bilih saking pamanggih kula piyambak tumrap wêwênang anggadhahi siti punika, sampun malih namung dipun mèlikakên dhatêng bangsanipun van Brongkos, mbok bangsa sanèsipun pisan inggih mêksa mufakat, watonipun golongan Kramantika gêsangipun sampun kaanggêp satiyang, têgêsipun sampun sinampiran wêwênang tumut ngrêmbag punapa ingkang dados kabêtahanipun utawi sampun kaanggêp dados volk utawi burger saèstu.

Manawi makatên, samangsa-mangsa wontên golongan manca ingkang nêdya tumut anggadhahi wêwênang andarbèni siti, kêdah lajêng gelijgesteld rumiyin dados golongan Kramantika. Ingriku sawêg kenging sakajêng-kajêngipun anggèning sami badhe nindakakên ngolah siti wêwênanging golonganipun Kramantika asêsarêngan kalihan pun PÊNTHUL.

--- 610 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKI.

Kalawarti "Ujwala". Kawartosakên, Taman Siswa ing tanah wetan badhe ngêdêgakên kalawarti wulanan nama "Ujwala", isinipun babagan wulangan tuwin panggulawênthah. Manggènipun ing Malang.

Mugi widadaa.

[Grafik]

Mêdhar sabda wontên sangajênging pirantos radio. Para maos kados botên kêkilapan dhatêng pawartos ing bab anggènipun Dr. Sutomo mêdhar sabda lumantar radio. Inginggil punika gambaripun nalika Dr. Sutomo nuju mêdhar sabda wontên sangajêngipun microphoon, inggih punika pirantos panyatok suwara.

Wangsul minggah kaji. Kapal kaji sampun wiwit dhatêng, ambêkta wangsul têtiyang ingkang sami minggah kaji, kintên-kintên namung ambêkta tiyang 8000, kabêkta ing kapal 5.

Manawi dipun timbang kalihan taun kapêngkêr, lampah minggah kaji ing taun punika suda kathah sangêt. Tiyang inggih jaman kados makatên.

Mloroding sadean candu ing Surakarta lang Ngayogya. Sudanipun angsal-angsalan panyadean candu ing Surakarta lan Ngayogya saya ngangsêg, cacahing griya pênjualan ing Surakarta wontên 100, ing Ngayogya 35, angsal-angsalanipun ing taun 1931 wontên f 3.25.000.- Angsal-angaslan samantên wau manawi dipun tandhingi kalihan angsal-angsalan ing taun 1930 suda 35%, tuwin manawi dipun timbang kalihan angsal-angsalan taun 1929 suda 50%.

Kamunduraning pakaryan punika ugi atêgês kamajêngan, inggih punika kamajênganipun tiyang mêdhot. Paribasanipun ing sapunika: pakêmpalan panyêgah "M" tamtu "bikak topi".

Kalawarti Kumandhang Rakyat badhe mêdal kaping kalih. Wontên pawartos, benjing tumapakipun wulan Juli, kalawarti Kumandhang Rakyat, saminggu badhe kawêdalakên kaping kalih, kintên-kintên wontên ing dintên Rêbo tuwin Saptu.

Indhakipun wêdalipun Kumandhang Rakyat, nandhakakên kamajênganipun, mugi tumuntêna sagêd dados ariwarti.

Mulo cursus. Jalaran saking rêkaosing lare ingkang badhe mlêbêt Mulo Guprêmèn, Paguron Mardisiswa ing Surakarta dalah pang-pangipun ing Klathèn, Wonogiri tuwin Boyolali sami badhe ngêdêgakên cursus Mulo.

Mugi-mugi sêdya wau kasêmbadan. Mangga pundi malih.

Pêkên tênun ing Pêkalongan. Kawartosakên, pêkên tênunan ing Pêkalongan, ing taun punika badhe dipun wontênakên, kadhawahakên wontên wulan Juli.

Samantên bedanipun wawasan ing jawi kalihan wawasanipun ingkang badhe nindakakên. Tumrap wawasan ing jawi nyamarakên dening nuju jaman kados makatên, nanging tumrapipun ngrika gadhah panganggêp kosokwangsulipun. Inggih kantun ngyêktosi kemawon.

Tulatingsexamen Mulo ing Sêmarang. Tumindaking tulatingsexamen pamulangan Mulo ing Sêmarang sampun rampung, Tumrap Mulo Guprêmèn ingkang nêmpuh lare 200, tumrap klas 1 namung lulus 6, voorklas lulus 1. Tumrap Mulo Kristên wontên lare 186, katampèn ing klas 1 lare 7, voorklas lare 1.

MirikMirid. kawontênanipun lare ingkang nêmpuh samantên cacahipun, namung katampên botên sêpintêna, saèstu adamêl anglêsing manah. Inggih sampun dilalah tamtu badhe ngagêngakên pamulangan bikakan enggal, awit para lare ing sapunika ajêngipun dhatêng pangajaran sampun botên kenging dipun sayuti.

Tiyang 4 pêjah wontên ing sumur. Ing pakarangan Mulo Katoliek ing Ambarawa mêntas wontên kasangsaran tiyang wontên salêbêting sumur, sakawit wontên punggawa Aniem tiyang 2 malêbêt ing sumur, prêlu mriksa pompa, wusana kapalêpêg ing êgas, andadosakên lan tiwasipun. Lajêng wontên tiyang sanès nêdya nulungi inggih lajêng pêjah. Wontên malih ingkang nyêmplung inggih pêjah. Wontên militèr tuwin agèn pulisi tumut tandhang lajêng sami klêngêr. Saking rêmbaging doktêr, sumur wau supados kaurug têrus kangge ngubur ingkang sami tiwas.

Samantên apêsing kawula.

Panyêgah lumantar radio. Kawartosakên, Centraal bestuur P.B.I. ing Surabaya mêntas wara-wara lumantar radio dhatêng pang-pangipun, supados sampun sami ningali bal-balan agêng ngrêbat kampiun ada-adaning N.I.V.B. wontên ing Surabaya benjing 13-16 wulan punika. Panyêgah wau jalaran saking bestuuring N.I.V.B. nindakakên paginapangina. dhatêng golongan sanès.

Pamanggihipun wontên ing jaman sapunika, tindak sapêcak, ungêl sakêcap kêdah sarwa ngatos-ngatos, awit jamanipun sampun beda sangêt kalihan jaman rumiyin, ing sapunika kenging dipun wastani jaman mulat, têngèn tuwin sapanunggilanipun, inggih tumrap sintên kemawon.

--- 611 ---

Tiwas jalaran têtak. Wontên lare ing dhusun Tirta, Pêkalongan amanggih tiwas jalaran mêntas dipun têtaki dening bong nama Marjuki, ingkang wontênipun ingriku misuwur laris. Bong wau lajêng kasêrêg ing prakawis, dumugining Langraad,Landraad. bong wau kaancam, manawi salêbêtipun kalih taun, anggènipun nêtaki wilujêng tanpa sambekala, botên kaukum.

Pawartos bab lare têtak bong, manggih tiwas, sampun kêrêp kamirêngan. Kadossampun cêkap kangge pêpèngêt.

Ing pakampungan kathah lare kapintên. Awit saking tindak panitinipun Nyonyah Gunawan sarta Nyonyah Bajenet, warganing griya pangupakara lare lola Muslimin ing Bêtawi, salêbêting pakampungan ing Bêtawi pinanggih kathah lare kapintên. Wontên lare 8 ingkang lajêng kabêkta dhatêng griya pangupakara.

Dados têtela, wajib ingkang dipun maligèkakên punika titinipun lajêng katingal, awit manawi botên wontên tindak panitinipun wanita kêkalih wau, bokmanawi dèrêng wontên ingkang sagêd manggihakên lare 8 punika.

Kalawarti "Pawarta Kota". Kawartosakên ing Bêtawi wontên ada-ada ingkang dipun pandhêgani golongan sadhèrèk angguran, asli saking Digul, badhe ngêdalakên kalawarti kanamakakên "Pawarta Kota". Ingkang dados pangajêng wau golongan paham dhatêng babagan jurnalis.

Manawi sêdya wau kalampahan, saha sagêd awoh sae, nama dados satunggiling pitulungan tumrap golongan angguran, saha malih manawi pigunanipun sagêd nyarambahi dhatêng para angguran sanèsipun, nama langkung utami, badhe pinanggih angguran mitulungi samining angguran.

Tindak utami. Kawartosakên, Pêrguruan Ra'yat ing kampung Daengan, Ngayogya, badhe tampi pambiyantunipun wanita wêdalan H.I.K. mulang lêlahanan.

Punika satunggiling tindak kautamèn yêktos.

Pajêg morat-marit (crisis) ing Surakarta. Pajêg morat-marit ing Surakarta laladan Kasunanan kintên-kintên pinanggih f. 60.000.

Lowung kangge tambah bêtah praja.

Nyêpêng arta palsu. Wontên bangsa Tionghoa juru potang ing Jombang dipun cêpêng dening veldpolitie, jalaran ing griyanipun pinanggih wontên citakan arta palsu, talenan, têngahan tuwin kêthipan.

Punapa tindak makatên punika kajêngipun badhe mirahakên arta?

Bêbaya ombak ing Miangas. Kawartosakên, ing kapuloan Miangas kaprênah salèr Mênado toyaning sêgantên rob minggah ing dharatan, robing toya sakêdhap kemawon sampun adamêl risaking griya 100 wuwung tuwin ambruking wit klapa 1000 uwit. Sumur-sumur sami kêlêban toya, botên kenging kaombe. Lampahing angin kala punika rikat sangêt, ing dalêm sasêkon 30 m.

E, wontên-wontên kemawon.

Cacahipun angguran ing Ngayogya. Miturut cathêtan ing kantor Arbeidsbemiddeling ing Ngayogya, dumugining tanggal 25 April kapêngkêr, cacahing tiyang angguran golongan tiyang siti wontên 1897, bangsa Eropah 325, tuwin bangsa Tionghoa 37. Sampun tumanja angsal padamêlan tiyang siti 142, bangsa Eropah 21, tuwin Tionghoa 1.

Sanadyan dèrèng sapintêna kalongipun, nama sampun lumayan.

Wêca ing bab rêdi Mêrapi. Miturut katranganipun Ir. Dr. Schmidt, manawi wontên lahar saking rêdi Mêrapi malih, kintên-kintên mili mangidul. Punika cocog kalihan pamanggihipun Dr. Neuman. Dados tumraping pangrêksa kawilujêngan wontên sisih kidul.

Bab punika mugi kandhêga ing wêca kemawon.

Arta ringgit palsu. Wontên bangsa Tionghoa numpak kapal mandhap ing Banjarmasin, nilar arta ringgitan palsu wontên ing kapal, cacah 80 ringgit.

Dados pinanggihipun ing mangsa punika, awising arta tulèn linintu mirahing arta palsu. Tandhanipun tansah wontên kemawon. Prayogi ingkang sami ngatos-ngatos.

Para guru frobel dipun kendêli. Wontên guru frobel voorklas) cacah 82 sampun sami tampi kêkancingan saking ingkang wajib, dipun kèndêli anggèning dados guru, wiwit benjang tanggal 30 Juni ngajêng punika.

Para maos sagêd anggalih piyambak dhatêng para ingkang sami manggih kapitunan.

Kalawarti enggal. Ing mangsa punika wontênipun kalawarti enggal, wêdalipun kados ajak-ajakan, kados ta:

1. Kumara, ing Surabaya, basa Jawi aksara Latin, dipun pandhegani dening Jayaprayitna tuwin sanès-sanèsipun. Ancasipun ngudi luhuring ra'yat tanah ngirki, 2. Suluh Hukum ing Surabaya, dipun pandhegani dening Tuwan J.A. Dengah, Tuwan Wondoamisena tuwin Suroto. Minangka organing zakwaarnemer. 3. Suluh Indonesia Muda dipun pandhegani dening Ir. Sukarno tuwin pambantu para sawung. Kajawi punika taksih wontên malih.

sadaya wau namung pinuji widadanipun.

EROPA.

[Grafik]

Lêlana ngubêngi jagad. Tindak lêlana ngubêngi jagad punika ing sapunika sampun kêrêp pinanggih. Ing wêkdal punika wontên bangsa Persi nama Abu al-Kosim Khon, lêlana ngubêngi jagad namung dharat. Bidhalipun saking nagari Persi kala taun 1926, salajêngipun badhe mlampah 6 taun malih. Kala wulan Maart kapêngkêr sawêg dumugi Mêsir.

President Doumer dipun cidra ing tiyang. Kawartosakên, nalika President Doumer (President ing Prancis) nuju rawuh ing dalêmipun Baron Rotschild, mriksani buku-buku karanganipun para linangkung ing Prancis, dipun pistol dening bangsa Rus, andadosakên sedanipun.

--- 612 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

16

Lêlampahan ingkang kados makatên punika, lajêng saya adamêl samaripun Radèn Ayu Prawira, awit manawi kalajêng, Radèn Ayu Prawira badhe kecalan putra satunggal thil, ingkang dados woding panggalih. Saha ing têmbe badhe damêl pitunanipun piyambak.

Wontên lêlampahan malih ingkang sangêt botên nyakecakakên, inggih punika nalika Radèn Ayu Prawira nuju nyêlaki putranipun ingkang nuju tilêman, saha lajêng ngajak ngandikan, Radèn Sumarta sajak kêlewa-kêlewa kemawon, saha lajêng mungkur. Ing ngriku Radèn Ayu Prawira ngantos gèdhèg-gèdhèg.

Tamtunipun anggèning Radèn Sumarta gadhah patrap kados makatên wau, botên liya namung jalaran saking kataman ing pêpêtêng. Nanging inggih nama kasangêtên, yèn ngantosa supe dhatêng tiyang sêpuh makatên.

Dene mênggah ciptanipun Radèn Sumarta, namung mantêp, bilih Nonah Dhorah punika trêsna sayêktos dhatêng piyambakipun. Samôngsa pinanggih sapisan êngkas, tamtu sampun dados darbèkipun. Mênggahing pangintên, wontênipun Nonah Dhorah sajak gadhah manah majêng mundur punika, namung jalaran saking ngèngêti tiyang sêpuh, utawi saking panggosoking sanak pawongmitranipun.

Ing kala punika raosing manahipun Radèn Sumarta, ing jagad namung katingal supêk lan pêtêng. Kawontênan ingkang limrahipun dados kasênêngan, malah tinampi dados godhaning manah. Mênggah ringkêsanipun, botên wontên ingkang dados panglipur, kajawi Nonah Dhorah.

Radèn Sumarta salêbêtipun tilêman, gagasanipun ngômbra-ômbra botên kantên-kantênan, nanging lajêng kêpunggêl, ing jawi wontên tiyang nyabawa: pos. Sanalika manahipun Radèn Sumarta sakalangkung tumratab, saha lajêng gita-gita mêdal, murugi ingkang nguwuh wau. Radèn Sumarta ing batos ngintên, bilih sêrat ingkang dhatêng wau saking Nonah Dhorah, lan pinanggihipun pancèn nyata. Radèn Sumarta lajêng nampèni sêrat saking upas pos, amplopipun jambon.

Ing ngriku cêtha, sêratanipun Nonah Dhorah, caping pos saking Ngayogya. Radèn Sumarta botên sarônta malih, amplop lajêng dipun bikak, ing nglêbêt isi sêrat tigang lêmbar, dalancangipun ugi jambon. Sadèrèngipun kawaos, Radèn Sumarta ningali tèkênipun rumiyin, botên kalèntu, tèkênipun Nonah Dhorah sayêktos.

Sêrat botên lajêng dipun waos, namung dipun cêpêng kemawon, awit Radèn Sumarta tansah samar ing manah, awit ngintên, manawi sêrat ingkang panjangipun samantên punika tamtu suraos awon. Nanging saupami lajêng namung dipun kèndêlakên kemawon, manah botên tahan, ambêganipun ngantos sêsêg.

Rangu-ranguning manah wau lajêng dipun bundêrakên, sêrat lajêng dipun waos kanthi tab-tabaning manah:

Mitra Sumarta

Layang iki minôngka dadi tandhaning uripku, kang tumêka mênyang kowe.

Sumarta, aku duwe kapitayan mênyang kowe wiwit sangkaning cilik, awit kowe tak anggêp kaya sadulurku tuwa.

Kowe lan aku wis kêrêp rêrasan ing bab salakirabi momoran tumrape nonah Walônda lan wong Jawa. Sakèhing wawasanku kang maton, tansah kopapali ing rêmbug. Jalaran saka anggonku rumêksa, murih ora gawe sêriking atimu, ing bab rêmbug mau kêrêp banjur tak punggêl. Mula iya ora tau kadawa-dawa.

Saka pangiraku, mêsthine kowe wis ngrêti, mungguhing bab kêliruning wong salakirabi momoran. Mula aku iya gumun bangêt, dene pikiranmu ora tutug samono. Sanadyan ing saiki akèh tindak kang nêdya ngêmorake kulonan lan wetanan, nanging tinêmune, sing akèh iya isih ajêg, wetanan têtêp wetanan, kulonan iya têtêp kulonan, ora bisa bakal ngowahake watês-watêse.

Yèn ta kowe mêngku awakku, kowe mêsthi kudu ngêmohi mênyang bangsamu, iya kalêbu kulawarga dalah wong tuwamu pisan. Wis rambah-rambah kowe kôndha, yèn bab tindak kaya mangkono iku kogampangake, têgêse bakal kolakoni, nanging, o, aja, aja, Sumarta, tindak kang kaya mangkono mau tindak nistha, awit kowe isih duwe wajib mikir mênyang bôngsa lan nagara wutah gêtihmu. Saya manèh tumrap mênyang kulawarga utawa mênyang wong tuwamu. Tumrape awakku, ora bakal ngaji-aji mênyang wong lanang kang duwe tindak kaya mangkono.

Kajaba iku, tumrape awakku dhewe, iya mêsthi dijijèni ing bôngsa, sanadyan tumrape awakmu dhewe, iya ora ana bedane, mêsthi diêmohi ing bangsamu.

Sing uwis, ya uwis, ya Sumarta. Sabanjure aja ngrasani ing bab lêlakon kang wis kapungkur. Aku ngapura mênyang dosamu, ing bab anggonmu duwe tindak sêmbrana, kang nganti ngilangake panganggêpku mênyang kowe kaya sadulur tuwa. (Badhe kasambêtan)

--- 73 ---

Nomêr 19, taun III

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu

Tinêmuning Wêkêl

Candhake Kajawèn nomêr 37

Anuju ing dina Minggu, wanci esuk tabuh wolu, ana bocah têlu aku, urut gisik mlaku-mlaku.

Kana kene kèh dinulu, karang, kece, sandhing watu, watu putih, abang, biru, pating cringih ting pêcucu.

Ubur-ubur ting pêtèntèng, tirêm, kuwuk, bêlang blontèng, karang jae, karang banthèng, anèng pasir, ting pêkèngkèng.

Ana alun lembak-lembak, kaya nyonyah dhampyak-dhampyak, numbuk pèrèng byak sumilak, kataronjol, ting cêkakak.

Sisih kono kang katara, pating krêtip lir mutyara, kene biru maya-maya, tak sêngguh rok nonah Lônda.

Durung tutug sun ningali, marang langêning jaladri, kasêlak hyang dewaning ri, bèbèr prabawa kêpati.

Nyang dhas rasane sumêlèt, nyang sikil panase kêlèt, kancaku padha ting plèlèt, ngajak mulih karo nyèrèt.

Wise ngono banjur mlaku, kancaku rada kêsusu, wit jarene kang tak rungu, bapak kaji mêsthi nunggu.

Wuse têka gone kyai, ki kaji ngarêp kawarti, nulya laju mênyang buri, panggih lan sing duwe panti.

Ing kana hawane adhêm, akèh wite jambu, pêlêm, kêmbang mlathi bayêm, dilêm, maring tyas wèh rasa ayêm.

Manggis kacapi kapundhung, gêmpol, sawo, katès gantung, jêruk gulung sandhing lumbung, wite gêdhang tanpa petung.

--- 74 ---

Lêlakon Têmênan

Bocah-bocah, kowe padha tak dongèngi, mêsthine kowe ya wis padha krungu, ing bab lêlakon putrane Tuwan Linberg ing Amerikah, sing ilang dicolong uwong. Malah gajêge ing Kajawèn iya wis tau macak gambare.

[Grafik]

Ing kene mung arêp nyaritakake uriping bocah ing tanah Amerikah, e, ingatase bocah sing ilang mau anake wong sugih, lan misuwur, têka nganti dicolong uwong. Môngka mungguhing nalar, bocah mau mêsthi kêrêksa bangêt. Nanging tumrape ing tanah Amerikah, prakara tindak kadurjanan iku, ora mung melikake donya brana bae, uga ana kalane melikake liyane, nanging mungguh wos-wose iya padha bae, têgêse anggone nyolong bocah mau, prêlune iya mung arêp golèk têbusan.

Nganti saprene bocah kang gambare sumandhing iki isih dadi golekan. Gambar iki, ing sanalika disêbarake sarana piranti radhio mênyang nagara ngêndi-êndi. Dadi kêna diarani, ing sanalika iku uga, rupane bocah mau wis kasumurupan ing wong akèh.

Coba rasakna bocah-bocah, upama kowe kêpisah karo wong tuwamu, rasaning atimu kapriye. Iki pancèn rada kêna kanggo pitutur, tumraping bocah-bocah cilik, aja padha dhêmên balayangan, yèn kowe nganti nêmu sabab apa-apa, lagi pikiranmu dhewe bae wis susah. Sing ngati-ati ta, sanadyan ing kene ora ana colongan bocah, nanging tumraping sabab-sababe bocah nêmu sangkala saka anggone blayangan, ora kurang.

Wis samene bae dhisik, suk Sêtu ngarêp dibacutake.

--- 75 ---

Murid ingkang Gumujêngakên

Wontên lare dhusun nami Saridin, Saridin wau sêkolah ing pamulangan Jawi ôngka kalih sampun pangkat sêkawan. Sampun limrahipun lare dhusun punika watakipun gumunan. Manawi dhatêng kitha tumbas ès inggih gumun sangêt, sawêg andumuk kemawon sampun ginjal-ginjal saking asrêpipun, sarêng ngombe ès criyosipun untunipun badhe pothol. Manawi sumêrêp damar liktrik inggih saya gumun, dipun kintên ing nglêbêt kawat wontên latunipun. Manawi numpak sêpur criyosipun kados tiyang mabur, kêkajêngan sami mlajêng.§ Kosokbaline bocah nagara, nalika wêruh kêbo: girap-girap, saka wêdi. Jêbul Si Gombak malah ngêthikring ana gêgêr kêbo karo ura-ura: eman têmên wong nagara kuwi / yèn ngêngina madhakke wong desa / dene kuwi padha bae / mung wêruh kêbo: bingung / tanpa klambi: malêbu angin / wêruh wong drêmba wêgah / nanging sing tinêmu / pangêmile tanpa kêndhat / beda aku trima sêga jangan bêning / awakku waras rosa // red.

Saridin wau manawi sumêrêp punapa-punapa ingkang anèh-anèh ingkang piyambakipun gumun, manawi wontên sêkolahan tansah dipun takèkakên dhatêng gurunipun. Sampun têmtu ingkang kados makatên punika dados indhaking sêsêrêpanipun.

Ing wêkdal samantên wontên sêkolahan Saridin sawêg dipun wulang ngèlmu bumi, dilalah dipun pitakèni gurunipun.

Guru: Din, Din, coba aranana gunung ngêndi sing dadi watêsing paresidhenan Surakarta.

Saridin: Inggih. Rêdi ingkang dados watêsipun paresidhenan Surakarta inggih punika: 1. Rêdi Lawu, 2. Mêrbabu, 3. Mêrapi.

Guru: Iya, bênêr.

Saridin ing batos ragi gumun, wontên rêdi naminipun Rêdi Mêrbabu, Saridin lajêng pikèn dhatêng gurunipun.

Saridin: Nyuwun katrangan, punapa rêdi Mêrbabu punika rêdi èstri.

Guru: Gunung kuwi ora ana sing lanang ora ana sing wedok.

Saridin: Inggih. Limrahipun ingkang dados babu punika tiyang èstri, dados rêdi Mêrbabu punika têmtunipun inggih rêdi èstri.

Guru mangsuli kalihan gumujêng. Iya, yèn gunung Mêrbabu gunung wedok, mêngko rak bakal ana gunung sing lanang, yaiku gunung: Mêrjongos utawa Mêrtukangkêbon.

Saridin dipun gujêng lare sakamar.

Sucitra, Banyudana.

[Grafik]

Ing sisih iki gambare asu lagi padha main bal, didu, sing mênang bakal olèh ganjaran. Tinêmu ing nagara Inggris.

--- 76 ---

Trêsna Bapa

Sambungane Kajawèn nomêr 37.

[Gambuh]

dene sing wis kêpungkur / akèh uwong mati kang kabanjur / saka padha dipitênah ing sang putri / mêngko bakal ora wurung / ana gantungan gumeyong //

wong akèh padha bingung / pasar-pasar nganti padha suwung / kang jalaran wong-uwonge padha giris / sanadyana sang aprabu / uga kasmaran ing batos //

Kawiyak wadine

[Asmaradana]

bangêt nyênyêt ing saiki / uwong kang ahli agama / padha amêmuji rame / muga têntrêm ing nagara / aja ana bêbaya / mangkono uga sang prabu / pamujine ora beda //

Jaka Kawasa saiki / iya bangêt gone susah / awit kabèh pangemane / ora pasah babarpisan / Wêlas mung kêncêng nekad / wêkasan iya mung muwung / golèk rekadaya liya //

barêng uwis wayah bêngi / Wêlas wis turu kapenak / Ki Kawasa lunga age / tumindak laku siluman / dhasar pancèn pêng-pêngan / angêmpit suwiwi manuk / kaya sing wis kacarita //

tangane nyangking panjalin / saka nini-nini tuwa / nuli anggêblas abure / wis kaya manuk têmênan / dhasar laku siluman / ora ana wong sing wêruh / sasat kaya wong kajiman //

mlêbu nyang kadhaton nuli / andhêdhêp anèng tamanan / ing wusana ora suwe / sang putri ketok kumlebat / miyos saka jandhela / iya banjur mabur sêmprung / mèh ilang ing sakêclapan //

Jaka Kawasa nututi / tut buri karo anyawang / ing kono sang putri ketok / amangagêm murub mubyar / lan cêtha ing pêngkêran / angagêm suwiwi manuk / nyata yèn putri kajiman //

Kawasa nyêdhak tut buri / sang putri ora uninga / banjur disabêt gêgêre / sang putri bangêt karasa / nganti kalair sambat / nanging sapa sing anggêbug / sang putri ora uninga //

abure prasasat thathit / ananging Jaka Kawasa / ora kèri saparane / ing kono abure têkan / papan kang bangêt kiwa / ana ngèrèng-èrèng gunung / ora ana wong sing ngambah //

lêmahe sungil arumpil / parangcuri pating crangap / ajêro-jêro jurange / sang putri ing sanalika / banjur nyalorot mandhap / amuji gumarumung /Kurang satu suku kata: amêmuji gumarumung. gununge tumuli mênga //

nuli malêbu sang putri / Jaka Kawasa barabat / anututi gage-gage / watune sing kaya lawang / banjur tumangkêb enggal / ing jêrone kono wujud / kadhaton kang luwih brêgas //

rêrênggane pèni-pèni / ananging Jaka Kawasa / wis ngira sing ngono kuwe / mêsthi yèn kadhaton setan / yèn kadhaton wong lumrah / môngsa mangkonoa mau / awit kabèh sarwa mokal //

Jaka Kawasa saiki / mung êtut buri siluman / ora wêruh: wong ing kono / sang putri anggone tindak / ketok bangêt kulina / dadi cêtha putri mau / rêmên tindak paracidra //

awit yèn lakua bêcik / môngsa dadak balasakan / lêlungan dudu wayahe / ing tindake dhèk samana / têkan ing papan padhang / diyan-diyan pating plancur / padhange kaya raina // Bakal disambung.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 40, 11 Sura Dal 1863, 18 Mèi 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [613] ---

Ôngka 40, 11 Sura Dal 1863, 18 Mèi 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Amuntai, Borneo

[Grafik]

Nuju kabênan ing laladan Amuntai. Ing alun-alun papan main bal lubèr toya.

--- 614 ---

Kagunan Jawi

Redhaksi Kajawèn Tampi Panjurung saking Tuwan Sungaji ing Bandhung, Awarni Nut Gêndhing Karanganipun Piyambak. Kados ing Ngandhap punika:

Ladrang Pacêklik, pelog bêm (pathêt 6)

[Notasi]

--- 615 ---

Dhawah gerong Kinanthi.

1. rina wêngi ngrêmbug butuh / kinarya ingoning batih / anak bojo nora bêtah / angampêt nglêmpèting têlih / ndilalah karsaning Allah / lungan kantor dikon mulih //

2. kayaparan raganingsun / ngalami kala makingking / ihtiyar sarwa rêkasa / ngaliyêg luru rêjêki / lantaran malanging môngsa / môngsa mlèsèd mêlasasih (malaisê) //

3. kônca tani kônca buruh / kônca dagang myang priyayi / sing ringkih lan sing santosa / nglairkên pêdhêsing ati / sêsambat angaruara / kataman jaman mandêking //

4. wong sajagad padha ribut / kacipuhan angayoni / nanggulang kanthi santosa / kurdaning buta pacêklik / njrêbabah ngèsis siyungnya / njanggêrêng anggirisi //Kurang satu suku kata: njanggêrêng anggêgirisi.

5. aja tungkul ngrangkul dhêngkul / cakekal ngobahna sikil / akal lan ukil lakokna / yaiku sarat sajati / lumintu urip pasaja / ropyan-ropyan dèn kurangi //

Pamrayogi: kagêm ngêcakakên, langkung utami ngasta gambang tinimbang salênthêm, dêmung utawi saron.

Gambang mêngku swara pêpak, wiwit swara agêng sangêt dumugi alit pisan.

S.

Pêkên panyadean oto

[Grafik]

Ing sisih punika gambar oto-oto mobil ingkang kasade kadhasarakên wontên ing pêkên oto, ing Surabaya, gadhahanipun Borneo Company. Untabing têtiyang ingkang ningali saha ingkang badhe tumbas sampun kacêtha ing gambar.

--- 616 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Kawontênan ing Bopên Dhigul

Sambêtipun Kajawèn nomêr 39.

Ing ngriku piyambakipun linggih kalihan sidhakêp. Sumêrêp kawontênanipun makatên punika kula botên saèstu pitakèn, ananging têrus wangsul alon-alon. Enjingipun kula nêdha katêrangan kawontênan ing wanci dalu punika, ananging piyambakipun botên purun walèh. Saking pangintên kula lêlampahanipun ing wanci dalu punika kangge wados, amila pitakèn kula botên kalajêngakên.

Têtiyang Kaya-kaya punika inggih sampun anggadhahi kasagêdan anjogèd, panjogèdipun sairib jogèdipun para têtiyang tanah Jawi Kilèn manawi anjogèdi dhogèr (jogedan bajing loncat), manawi jêjogedan wontên ing Tanah Merah, ingkang kangge tabuhan cangkêm kalihan kêplok-kêplok. Kajawi kêplok-kêplok wontên ugi ingkang singsot, sanadyan kawontênaning têtabuhanipun namung kados makatên, manawi karaosakên inggih wontên larasipun. Ing sarèhning lagunipun têtiyang Kaya-kaya punika manawi karaosakên ingkang sayêktos wontên larasipun, amila inggih wontên salah satunggaling tiyang bucalan ingkang ahli gêndhing andamêl lagunipun tiyang Kaya-kaya. Miturut katêrangan, satunggil-satunggiling tiyang Kaya-kaya botên sami.

Salah satunggiling golongan Kaya-kaya, manawi gadhah anak botên kasêsêpan tiyang sêpuhipun, ananging dipun ombèni toya tawa saha katêdhanan gêgodhongan, dados botên katêdhanan sagu. Anggènipun anggadhahi tindak makatên punika, awit inggih dèrèng mangrêtos bilih toya sêsêpan punika sagêd anggêsangi dhatêng bayi. Golonganing têtiyang Kaya-kaya ingkang anggadhahi cara angupakara bayi makatên punika, sarêng salah satunggiling tiyang Kaya-kaya bangsanipun nyumêrêpi tiyang bucalan anêsêpi anakipun, Kaya-kaya punika lajêng pitakèn punapa tindak makatên punika sagêd anggêsangakên bayi. Pitakènipun punika inggih sampun tamtu ngangge pratôndha saha solah tingkah ingkang ngantos sagêd mangrêtos.

Manawi ambêkta anakipun ingkang dèrèng sagêd lumampah, punika kalêbêtakên ing rajut (kanthong ingkang sairib kados jala). Rajut punika kasukanan tangsul, tangsulipun katangsulakên ing sirah, rajutipun gumandhul ing gêgêr. Ingkang ambêkta anak punika tiyang Kaya-kaya èstri.

Ing suwau nalika kula dèrèng sumêrêp kawontênan ingkang kados makatên punika, kula kintên inggih ambêkta barang-barang ingkang badhe kalintokakên. Kalimrahanipun ingkang kula sampun nate ngalami, tiyang èstri ingkang ambêkta rajut punika isi wowohan ingkang kawastanan dening têtiyang bucalan ing Tanah Merah tongbut (tongbut punika wangunipun kados kasêmêk) ananging alit-alit [a...]

--- 617 ---

[...lit-alit] saha raosipun kêcut sangêt. Wontên tiyang Kaya-kaya jalêr èstri, ingkang èstri ambêkta rajut kados ingkang kula kintên ambêkta wowohan kados ingkang kula têrangakên ing nginggil, kula awe-awe, badhe kula ajak lêlintonan bêbêktanipun. Kaya-kaya jalêr èstri punika thingak-thinguk, ananging inggih mêksa amurugi. Sarêng cêlak rajutipun kula waspaosakên têka botên isi wowohan, jêbul isi bayi, ingkang kintên-kintên umuripun sawêlas wulanan.

[Grafik]

Golonganing têtiyang Papuah.

Sarêng kula sampun sumêrêp kawontênan ingkang kados makatên punika, lajêng kula purih kesah. Nitik polatanipun tiyang Kaya-kaya wau, nalika sumêrêp anggèn kula gumun aningali anakipun ingkang wontên salêbêting rajut têka botên napsu, malah gumujêng.

Rumakêting sêsrawunganipun têtiyang Kaya-kaya punika sae sangêt. Manawi satunggiling tiyang Kaya-kaya angsal têdha saking tiyang bucalan lajêng dipun dum-dum ngantos waradin. Nalika têtiyang Kaya-kaya sawêg enggal-enggalan sêsrawungan kalihan têtiyang bucalan, taksih dèrèng doyan sarêm saha gêndhis. Ing sapunika sarêng sampun kulina ngraosakên raosing sarêm saha gêndhis, bilih nêdha botên tilar sarêm, malah ing sapunika tiyang Kaya-kaya sampun doyan olah-olahanipun têtiyang Bucalan, dalasan sambêl ingkang ing suwaunipun mambêt kemawon sampun gêbrès-gêbrès, sapunika sampun wontên ingkang karêm.

Upaminipun sagolonganing têtiyang Kaya-kaya sami dhatêng ing Tanah Merah nêdya badhe lêlintonan, punika upami wontên ingkang dèrèng angsal lintonan inggih dipun êntosi ngantos sagêd angsasal.Angsal. Manawi wontên ingkang lajêng nyambut damêl kalihan tiyang bucalan inggih ugi dipun sarantosakên. Manawi badhe wangsul inggih sami ajak-ajakan. Kula pitakèni, sababipun punapa têka sêsarêngan makatên. Salah satunggilipun anyariyosakên bilih cara makatên punika bokênbotên. gampil kabegal.

Dêdamêl ingkang kabêkta punika namung jêmparing ingkang bedhoripun kajêng utawi dêling. Miturut katêranganing têtiyang Kaya-kaya jêmparing punika namung kangge misaya ulam utawi kalintokakên bilih wontên tiyang bucalan ingkang purun. Dene dêdamêl ingkang baku, katilar wontên ing wana. Jêmparing ingkang katilar wontên ing wana punika bedhoripun ingkang kadamêl balung saha kasukanan wisa. Badhe kasambêtan.

Aris Munandar.

--- 618 ---

Nagari Ngamônca

Pasulayan Jêpan kalihan Tiongkok

Pawartos ingkang kawrat ing Kajawèn kapêngkêr, tutuping karangan, araos damêl ayêming manah, awit ing ngriku katingal sajak sampun rampung, badhe botên wontên pasulayan malih. Nanging manawi miturut têbaning paprangan, pinanggih wontên pintên-pintên panggenan, sanadyan wontên ungup badhe rukun, inggih sawêg pinanggih ing saperangan, saya malih manapimanawi. mirid sêsulakipun golongan Tiongkok anggènipun botên nayogyani dhatêng tindakipun Chiang Khai Sek, dening kadakwa kêndho ing tandang, punika dados titikan, bilih tumraping rakyat, taksih anggadhahi manah dèrèng narimah dhatêng cuthêling paprangan. Bab punika pancèn nyata, awit miturut pawartos, sarêng sêrat prajanji kèndêling pêrang sampun dipun tôndha tangani, botên adamêl sênênging manahipun rakyat Tiongkok. Jalaran saking wontêning raos ingkang tuwuh kados makatên, satêmah adamêl kasamaran, mila lajêng ngawontênakên pangrêksa dhatêng para pangagêng Tiyongkok ingkang gêgayutan kalihan padhamèn, murih wilujêng botên dipun cidra ing tiyang.

[Grafik]

Saradhadhu Jêpan nuju ambêkta têtiyang tawanan Tionghwa ing Sjanghai.

Pamanggih ing bab botên cocoging rakyat dhatêng bab padhamèn punika, botên namung pinanggih ing laladan Sjanghai kemawon, tumrap golongan Canton ugi botên anyondhongi. Malah miturut pamanggihipun Eugene Chan, mratelakakên, bilih prajanjian padhamèn punika, [pu...]

--- 619 ---

[...nika,] tumrapipun Tiongkok botên migunani, awit ing sapunika wadya Jêpan ing Sjanghai bidhal dhatêng Mansjoerie, wontên ing ngriku nêmpuh wadya Tiongkok. Manawi pinanggihipun nyata kados makatên lajêng kadospundi wohing padhamen punika, punapa botên lajêng pinanggih mêntah malih.

[Grafik]

Jendral Feng Joe Sjang ingkang ambiyantu Jendral Tsai Ting Kai nanggulangi mêngsah ing Sjanghai.

Sêsulak mêntah ing prajanjian saya katingal, kados ta ing bab tindak nyêpêngi bôngsa Korea ingkang kada[kwa] gêgayutan kalihan bab êbom, punika tansah lumintu. Ing ngriku malah lajêng wontên pangintên, bilih bom punika saking pandamêlipun bôngsa Tionghwa, awit ing tilas papan kasangsaran pinanggih wontên tôndha-tôndha ingkang kenging kangge pasaksèn.

Raos pandakwanipun Jêpan ingkang kados maktên punika lajêng angsal sêsambêtan tôndha saksi, ingkang raosipun kenging kangge nêtêpakên cidranipun Tiongkok. Kados ta ing lèpèn Soengari mêntas wontên papranganipun wadya Jêpan kalihan Tiongkok, campuhipun sakalangkung rame, wadya Jêpan kêsêsêr, nanging ugi lajêng wontên bêbantu malih.

Ungguling wadya Tiongkok ing paprangan punika nuwuhakên panglocitanipun Jêpan, panglocita wau sêmu gumun dhatêng bab saening dêdamêl Tiongkok, botên ngêmungakên wadyanipun mriyêman kemawon, dalah mêsinipun mabur kathah sangêt. Ing bab mêsin mabur punika anuwuhakên pandakwanipun wadya anggêgana Jêpan, bilih ing bab mêsin mabur, Tiongkok angsal pambiyantu saking Ruslan.

Dados udhang-udhêng, kasujananipun Jêpan dhatêng Ruslan punika tansah wontên kemawon. Malah kawartosakên, pinanggihipun ing Harbim, pasulayan ing ngriku dados sêsungut pêpêranganipun Jêpan kalihan Ruslan.

Pasulayanipun Jêpan kalihan Ruslan, punika tumrapipun Jêpan araos kuwatos, awit kawontênanipun wadya abrit ingkang manggèn ing watês, Mansjoerie wontên 70.000. Mirid kawontênaning wadya ingkang ngalêmpak samantên punika, têtela [tête...]

--- 620 ---

[...la] manawi adêgipun santosa, purun nêmpuh [...]gon dipun têmpuh. Makatên ugi lampahing wadya Jêpan ingkang langkung margi sêpur wetan, botên badhe gampil, lan bilih Jêpan kalihan Sovjet pêpêrangan, pinanggihipun badhe nyuda kêkiyatan, wêkasan damêl kasantosanipun Tiongkok. Makatên ugi Jêpan nyamarakên dhatêng ajênging kabudayan Sovjet, awit manawi sagêd majêng pangajêng-ajêngipun Jêpan badhe ngangsêg dhatêng laladan Ruslan tamtu botên kasêmbadan.

Ubat-ubêting paprangan punika, tumrapipun Jêpan pancèn mêngku pamanahan awrat, awit ing ngrika-ngriki sami prêlu nindakakên rêrigên ingkang kêdah linampahan tumuntên, kados ta tumrap Sjanghai, mardi tata têntrêm murih têtêp tumindak. Tumrap laladan Mansjoerie kêdah ngêncêngakên wadya bêbantu, malah sampun kalampahan mêntas ngangkatakên wadya dharatan mandhap ing Dairen. Sadumugining ngriku, wadya wau lajêng bidhal badhe nunggil kalihan wadya ing Mansjoerie. Saking pratelanipun ministêr paprangan Jêpan, wadya ing Mansjoerie kêdah angsal bêbantu.

Kajawi punika taksih kathah malih sabab-sabab ingkang tuwuh narambul ing môngsa ribêd punika, kados ta wadya Jêpan ing Fangoeng mêntas campuh kalihan wadya brandhal 5000, Jêpan sagêd unggul, wadya brandhal kaplajêng. Nanging sanadyan makatêna, inggih tansah damêl ribêd kemawon, awit panêmpuhing wadya brandhal punika kadosdene ngrêsahi.

Dados pinanggihipun ing môngsa punika, wartos padhamèn, utawi tata têntrêm, taksih kadosdene pitakenan.

Pamatangsiantar

[Grafik]

Kantor Javasche Bank ing Pamatangsiantar, ingkang katutup wiwit tanggal 1 April, dening saking kathahing kabudidayan ingkang katutup.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- 621 ---

Panglipur Manah

Gagasan Kawêdhar

[Dhandhanggula]

Amimbuhi mêmanising bumi / gumêlaring lumahing samodra / datanpa têpi katone / ngilak-ilak ngêlangut / lumaraping alun lumaris / tumêmpuh bukit karang / nyuwara jumêgur / awimbuh wingit kaliwat / ing satêmah numusi janma mêmikir / maring eloking alam //

pan rinasa ananing jaladri / bêbasane mung kêbak bêbaya / kang tan ana pêpindhane / marma kinarya nglabuh / miwah nglarung sawaning janmi / murih sampurna sirna / lêpas paranipun / sawênèh minôngsa mina / yèku aran buron laut angajrihi / ngluwihi buron wana //

saya nglangut dènira mêmikir / mulat palwa sabètèng gêngira / saking mandrawa katone / kampul-kampul lir nyamplung / datan môntra-môntra mangrêti / lamun nora winarah / kang wrin purwanipun / amung gunging bagaskara / kang tan owah lan sumorot mawèh warni / biru laut ranira //

[Grafik]

kanang barat gumrubug brêbêgi / pan kasilêm janma pagunêman / labêt kabuncang swarane / kêkayon kèh tumiyung / miyat-miyut katiyup angin / saistha kadi bungah / lêlangên anutug / gumêrot swara barongan / yèn rinasa kadi bungah animbangi / surak-surak gumêrah //

ing gêgisik blêduge nglimputi / kaya-kaya asuka pratôndha / maring kang pêrak sêdyane / pinrih aywa alaju / bokmanawa kaduwung wuri / sayogya angupaya / panggonan pikantuk / blêdug tumamèng mripat /Kurang satu suku kata: blêdug tumamèng maripat. ing sawastu kacuwanira nêrusi / mulat endahing alam //

mega-mega kang gamêng lumaris / ing saistha kadi alêlana / mulat samodra ombake / saparan mung ingênut / kongsi pêplês datan kaèksi / kari langit katingal / tumangkêp atêpung / yèn rinasa apan kadya / wèh cangkriman kang langkung mêmêt sayêkti / ngêndi watêsing jagad //

amung mungguh jêmbaring jaladri / kang winuwus akêbak bêbaya / tumrap manungsa jatine / pan dadya marganipun / grenda nalar angulir budi / ambuka rèh rubeda /

--- 622 ---

satêmah tinêmu / kadi ananirèng barat / ma[lah da]dya srananing palwa lumaris / yèku ababar layar //

dene tumrap jêroning jaladri / mapan kêni kinarya ingambah / palwa sabètèng agunge / prasasat pulo mlaku / sèsinira dahat mêpêki / rinêksèng kabutuhan / ing saarinipun / lawan kuwawa lumampah / wêwulanan anjajah ngidêri bumi / kalis ing sambekala //

mangkya tuwuh wuwuhing pambudi / palwa silêm lumaku jro tirta / datan ana sangsayane / tan siwah ananipun / ingkang ngambang munggwing jaladri / padha padhang anjingglang / hawanira cukup / aprasasat mina waja / ngambang silêm datan kewran ing pakarti / mung kari mana suka //

sêsawangan kang nglangut kapati / katon nyêngoh lir arêp-arêpan / sarana kèkêr wastane / saya akarya ngungun / anèng palwa munggwing jaladri / bangkit awawan sabda / mring sanak sadulur / yèku radhio ranira / yèn rinasa tumrap kang durung mangêrti / elok kadi sulapan //

dadya mungguh uwohing pambudi / yèn talatèn lawan tinêmênan / yêkti katêkan sêdyane / kadi kang wus tinutur / mung minôngka dadya palupi / sukur dadya panggugah / mring kang lagya gayuh / maring kawruh lan kagunan / ing supadi datan kêmba ing pambudi / kasidaning parasdya //

lire kadi kang ngudi ngadani / kopêrasi abêbathon dagang / nênun lurik sasamane / lamun santosèng kayun / gumarêgut anggêrètèhi / mring para warganira / mrih sayuk arukun / datan kengguh ing panggodha / suka soroh bôndha bau jêr ngèngêti / basuki mawa beya //

Darpa.

Raos Jawi

Panganggêp lan Pangajêng-ajêng

Têmbung panganggêp ing ngriki ingkang dipun pikajêngakên, pêndhaku, inggih punika: ngakên utawi ngraos anggadhahi pangaosing dhiri, ugi mêngku raos: pangakên dhatêng daya panguwasaning dhiri pribadi. Tiyang ingkang tipis panganggêpipun dhatêng daya panguwasaning dhiri, saèstu botên pitados dhatêng ingkang damêl gêsang.

Pangajêng-ajêng tuwuhipun saking pêpenginan, dhasar manusa gêsang ing ngarcapada punika kaèbêkan dening dayaning kabêtahan: sandhang, têdha, griya, drajat, kaluhuran lan taksih kathah sanès-sanèsipun malih.

Kalih bab kasêbut ing nginggil punika ingkang mahanani daya gêsang, rumaganging tiyang dhatêng pandamêl punapa kemawon punika namung saking dayaning panganggêp tuwin pangajêng-ajêng. Katranganipun makatên: upami tiyang badhe anglampahi satunggaling pandamêl, ing ngriku têmtu sampun kadunungan panganggêp, inggih punika rumaos kadugi dhatêng pandamêl wau, ing sakawit kataman dayaning pêpenginan ingkang nuwuhakên pangajêng-ajêng dhatêng kalêksananipun. Kêmpaling panganggêp lan pangajêng-ajêng mahanani daya kêkiyatan (gêsang).

--- 623 ---

Sajatosipun wontênipun panganggêp lan pangajêng-ajêng punika: surup-sinurupan, katêranganipun makatên: tuwuhipun pangajêng-ajêng punika saking pêpenginan, nanging pêpenginan punika sagêdipun anggèndèng dhatêng pangajêng-ajêng punika sagêdipun tuwuh yèn kataman dayaning panganggêp. Upami: drajating nata punika tumrap sakula, kala-kala sok mengini, upami yèn kapinujon kula mirêng cacriyosan mênggah kamuktènipun ratu. Nanging paribasan sagluguting kolang-kaling pinara… sampun botên badhe gadhah pangajêng-ajêng badhe sagêd dados ratu. Ing ngriku tôndha yêkti, yèn tuwuhipun pangajêng-ajêng punika saking dayaning panganggêp, inggih punika rumaos kadugi. Kosokwangsulipun: tuwuhipun panganggêp punika saking gênging daya pangajêng-ajêng. Ing cariyos purwa, Prabu Dasamuka punika kasêbut ratu murka, nalika dèrèng jumênêng nata piyambakipun tapa ambanting raga, ingkang kaèsthi botên sanès sagêda kasêmbadan salwiring pikajênganipun, saisining buwana badhe dipun piyambaki. Saking gênging kamurkanipun rumaos piyambakipun kadugi anggêgêm jagad. Punapa malih dhatêng sasamining titah ajriha, sanajan jawata pisan piyambakipun purun anglabrag, botên ajrih dhatêng sêsiku.

Kados ingkang sampun kula aturakên wau: panganggêp tuwin pangajêng-ajêng punika ingkang mahanani daya gêsang. Dhasar inggih kalih bab punika sampun dados sandhanganing manungsa gêsang ing ngarcapada. Namung wujudipun beda, tuwin wontên kandêl lan tipis.

Tiyang ingkang sampun kecalan panganggêp lan pangajêng-ajêng têmtu botên bêtah malih gêsang ing donya, mila wontên tiyang nganyut tuwuh, punika trêkadhang inggih jalaran saking sêpên ing panganggêp tuwin pangajêng-ajêng. Ing ngriku rumaos piyambakipun botên kadugi malih angladosi dayaning kabêtahanipun, pangajêng-ajêng sirna. Pêpuntoning nalar lajêng tega nilar kadonyan pindhah dhatêng ngakherat.

Nuwun, dumugi samantên pantoging gêgayuhan kula dhatêng babagan ingkang gêgayutan kalihan ing agêsang. Mugi linêpatna saking sêsiku.

Sadana-Purwawiyata. Wêlèri.

Pawartos saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 590 ing Minggiran. Kajawèn ingkang panjênêngan dangokakên sampun sami têlas.

Lêngganan nomêr 2727 ing Panaraga. Inggih, padhalangan ringgit purwa 177 lampahan punika sampun dumugi Bratayuda.

Lêngganan nomêr 228 ing Kêbasèn, 1. Têmbung serang punika daos krama inggilipun sabin, bokmanawi lêrês tumrap ing Purbalingga. 2. Bab pangintunipun Kajawèn botên kabedakakên. 3. Katindakakên dening juru gambar satêngah jurnalis. 4. Kenging, panêmbungipun dhatêng Bale Pustaka. 5. Taman pustaka pundi. 6. Sabên anglêbêtakên lêngganan Kajawèn 4 angsal 1. 7. Prayogi pitakèna dhatêng tiyangipun piyambak, redhaksi botên kenging nyariyosakên. 8. Sinaunipun kêdah kulina ngarang lan nênitèni.

Anak lêngganan nomêr 4831 ing Rêmbun. Panjurung sampun katampèn, badhe kapacak, ngêntosi papan.

R.A.S. ing P. panjurung badhe kapacak.

--- 624 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Tatakrama

XIV

Petruk : Kang Garèng, dadi rak iya wis cêtha, ta, nek wèngwong. ngomong nganggo sraweyan kuwi, ora mung sok diarani ora idhêp tata bae, nanging iya sok dianggêp wong sing durung nyakup basane. Mulane sabisa-bisa kudu diilangi bêndana sraweyan kuwi. Kajaba iku nèk omong aja pêcicilan...

[Grafik]

Garèng : Mêngko sik, Truk, kowe rak kudu ngèlingi, yèn wong kuwi wêwatêkane rak beda-beda, ana sing aksi lan ana sing klêlar-klêlêr. Hla, nèk sing sugih aksi kuwi mêsthine salawase iya katon brêgas, tandang lan sigrak, nèk tungkul dikon a-lus, kaya Rêjuna supit mêsthine iya rumasa jêmpo. Hla, nèk wis tinakdirake sapisan wis kalêlar-kalêlêr, salawase iya bisa a-lus ajêgan, sanadyana disusu-susu êndhoge wukan sêlak arêp mêtu, iya mêksa nglê-lêr bae. Kowe kuwi kok anèh, Truk, Truk, ana uwong kabèh-kabèh kok dipadhakake prawan pingitan sing ditakoni jêjaka, kudune sing alus tumungkul bae nanging nèk jêjakane dhong ora andêlêngake banjur slirit a-nga-li-ri-k.

Petruk : Rak iya bêcik mêngkono, ta, timbangane karo prawan sing cêngengas-cêngèngès, nèk ana tamu jêkaka: mlêbu mêtu, mlêbu mêtu, kaya-kaya sajak arêp nêrangake mangkene: iki lo, iki lo aku, isih lêgan. Kang Garèng, iya wis mêsthi bae, nèk wêwatêkane uwong kuwi ana sing aksi ana sing klêlar-klêlêr. [klê...]

--- 625 ---

[...lar-klêlêr.] Nanging sanadyana aksi dikaya ngapa, rak iya bisa ta ora pêcicilan, têgêse: matane pêndirangan mrana-mrene. Awit pandakwaning wong sok banjur rupa-rupa, ana sing andakwa, yèn anggone pacicilan mau, prêlu arêp ngêkir barang-barang ing sajêroning ngomah kono, sing kira-kira kêna digawa tanpa nêmbung. Dene wong sing butarêpan, pandakwane: e, hla, priyayi manongan kiyi, ana sing didêlêng kathik ing jêro ngomah bae, kiraku arêp ora gênah priyayi kiyi. Mulane, Kang Garèng, bêndana mêngkono kuwi iya wajib diulapi. Mêngkono uga solah tingkahe dijagaa aja ngewak-ewakake...

Garèng : Mêngko sik, Truk, aku tak takon. Sabênêre ngono aku rak rada judhêg, nèk ngrasakake têmbung ngewak-ewakake kuwi, wong panganggone kuwi kok le gampang têmên, kaya ta: diêndhêg mangan ora gêlêm bae, iya banjur diunèkake: ngewak-ewakake, tanggal tuwa ngiras ana ing resturan iya diarani: ngewak-ewakake, dalasan wayah mahrib ngunèkake gramopun gêndhing pangkur, jarene iya ngewak-ewakake...

Petruk : Lo, ing kono têgêse ngewak-ewake: ora sêmanak, ora lumrah utawa ora mèmpêr, kaya ta: diêndhêg mangan bae, têka ora gêlêm, kuwi rak ngetokake anggone ora sêmanak. Wong tanggal tuwa kok ngiras nang resturan, kuwi jênênge rak ora lumrah, ta, awit lumrahe wong urip, nèk tanggal tuwa kuwi wis kalithikan anggolèk butuh, ana kok dhuwite malah dibuwangi ana ing resturan. Dene mahrib-mahrib ngunèkake gramopun lagu pangkur, kuwi sabênêre ngrêrusuhi wong sing lagi sêmbahyang, apamanèh yèn sing lagi sêmbahyang mau santri anyar, kiraku arêp ngraphalake mêngkene upamane: ini wajahtu wajiya lilla dziphata rosamawati... bisa uga banjur ambarêngi unining gramopun mau karo muni: sapa manis kaya sira. Hara, apa iki pantês lan mèmpêr. Wong ngunèkake gramopun ing wanci mahrib mung diarani ngewak-ewakake, kuwi rak wis bêgja bangêt, pira-pira omahe ora dikrutug... têlèk uwong. Ora Kang Garèng, sanyatane omong utawa solah tingkah sing ngewak-ewakake kuwi, sing sajake arêp ngatonake kapintêrane. Kaya ta: nyaritakake carane wong mêlahi prau, lo, kuwi anggone nirokake mêlahi mau kathik bolak-balik tangane sajak ngukêl semyok, hara, iki rak mung arêp ngatonake yèn awake bangsane ahli anjogèd. Utawa ana ing ngarêpe wong akèh anggusah lêmut sing ngrubung raine, carane anggusah mau kathik migunakake jurus gunting utawa jurus pêcut, iki apa ora ngatonake yèn sajake ahli main silat. Iya sing bangsane kaya ngono kuwi, sing omong utawa tondak-tanduke diarani: ngewak-ewakake, utawa wong sing ora ditakoni, sabên-sabên ngomongane: inggih punika rama mênggung, ibu dipati, nanging sanake sing dadi upas upamane, sajake ora tau diucapake. Dadi cêkake iya sing sugih pamèr kuwi, [ku...]

--- 626 ---

[...wi,] sing sok diarani ngewak-ewakake.

Garèng : Sing kok kandhakake pungkasan kaya aku ora cocog, Truk, nèk pancèn duwe darah luhur, kok ora dipamèr-pamèrake, kanggone jaman saiki sida kêsilèp nyang lêndhut têmênan, alias ora kajèn. Jalaran, cahyaning satriya, sing jarene manthêr sasada lanang, saiki katone wis ambalêrêt kaya uribing clupak, awit tapane satriya saiki kiyi mung yèn wis êntèk... gadhene, dadi sabab wis ora ana sing diliwêt. Tumrap jaman kuna sing diarani satriya sêjati kuwi sing awake cancing lan wiwing, nanging ing jaman saiki malah sing gêdhe... wêtênge, awit ambuktèkake yèn kêndhile ora tau mêngkurêb. Dadi cêkake ing jaman saiki kiyi sing jênêng satriya, dadi sing kajèn, iya wong sing kêndhile ajêgan tumumpang, alias sing ora tau dijothakake phulus. Mulane saiki yèn ora tau disobat ing dhuwit, iya kudu ngaton-ngatonake yèn duwe sanak sing dadi bêndara gêdhe, kang pantês-pantêse ora ngêmungake drajate bae sing gêdhe, nanging pamêtune iya sahohah. Hla nèk mêngkono sithithik-sithithik rak bisa kêcipratan kajène.

Petruk : Wiyah, Kang Garèng, wong melik diajèni ing liyan, kuwi ora kêna mung sêmendhe bae marang sanak sadulure sing padha lagi kajèn kèringan, nanging kudu budidaya dhewe kapriye cara-carane supaya bisa awake dhewe mau olèh pangaji saka liyan. Awit yèn ora mangkono, samôngsa-môngsa wong sing diarani kajène mau wis katam ajine, sing ngamini iya ora bakal olèh warisan kajène mau. Beda karo aji budi dayane dhewe, yèn bisa kacêkêl, wong pancèn wis duweke dhewe, dadi anggêre bisa kêncêng lan dhikêp bae anggone ngêkêpi, iya ora bakal sumêlang yèn kajène mau bakal anjaluk pêgat. Kajaba wong kudu anjaga aja nganti ngewak-ewakake, iya ora kêna grusa-grusu, utawa bêgita-bêgitu awit kuwi nandhakake kasare bêbudène. Kasaring bêbudèn mau iya kasaring kamanusane. Môngka kabèh bôngsa sing wis wêruh ing tatakrama, iku mêsthi padha anggayuh alusing bêbudèn, sing nuntuni marang kautamaning uripe, lan luhuring kabangsane. Kang Garèng, rêmbug bab tatakrama kiyi, sanadyan pancène mono isih dowi bangêt, luwih bêcik dijugag samene bae, sabab wong wis lêsuwenkêsuwen. bangêt, mêngko mundhak agawe bosêne sing padha mirêngake.

Bab Buku

Redhaksi Kajawèn sampun nampèni buku 1 iji saking pangêcapan J.B. Wolters Groningen - Den Haag - Batavia gang Scott 5, nama buku pangrakiting praja, tanah Walandi tuwin tanah ngriki, anggitanipun J.A. Wiggers dhirektur tuwin E.I. Sukarsa, guru Keucheniusschool Ngayogya.

Buku wau isi kawruh tatanan praja tumrap nagari Walandi tuwin tanah ngriki, isinipun amêpêki, saha prêlu kasumêrêpan ing ngakathah. Dene bakunipun kangge murid Normaalschool tuwin guru ing pamulangan alit. Buku wau aksara alit, cacah 55 kaca, rêgi f 0.70.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên panuwun.

--- 627 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI.

Ngringkês priyantun B.B. Kawartosakên, benjing taun 1933 badhe pinanggih wontên sudan wadana 40, assistèn wadana 100 bawah-bawahipun lajêng badhe kagamblokakên.

Punika kantun ngêntosi pundi ingkang kadhawahan dhênggung.

H.I.S. Mardiharja. Pakêmpalan prabot dhusun ing Tèmpèl Ngayogya, sampun sagêd ngêdêgakên comite badhe ngadani adêgipun H.I.S. tuwin Schakelschool. Gêlênging rêmbag, benjing Juli ngajêng punika badhe ngêdêgakên H.I.S.

Samantên giyaking têtiyang ingkang sami ambêtahakên pangajaran. Wawratipun prabot dhusun ugi botên purun kantun.

Pabrik lisah klêntik enggal. Ing Cimahi badhe bikakan pabrik lisah klêntik enggal, gadhahanipun bangsa Tionghoa. Wragadipun f 150.000.

Manawi mirit jamanipun, adêging pabrik wau inggih nama manjila. Nanging tumrap pamanahan dagang tindak purun nêmpuh pakèwêd, têrkadhang malah dados margi sae. Saya malih manawi mirit mirahing rêrêgèn klapa, nama sagêd manggih untut sae. Bab punika prêlu dados kaca tumrap ingkang ambêtahakên.

Damêl arta palsu kacêpêng. Ing Muntilan wontên tiyang siti dipun cêpêng ing pulisi, jalaran kadakwa damêl arta palsu. Tiyang wau nalika kacêpêng kabuktèn kanggenan cithakan arta ukon palsu tuwin nuju sawêg damêl.

Samantên rupêking manahipun tiyang nêdya pados panggêsangan, ngantos supe, purun nindakakên padamêlan ingkang dados awising nagari.

Sêsêging jaman. Wontên pawartos, ing laladan saêlèr Pontianak antawisipun Singkawang tuwin Sambas, kathah tiyang kêmlaratan, saha lajêng tuwuh rêrêsah. Tiyang wau asli kuli bangsa Tionghoa. Kajawi punika taksih wontên tilas kuli kabudidayan karèt bangsa Madura, kirang langkung wontên 15.000. Ing sapunika sawêg dados panggalihan ing bab sirêping kasangsaran wau.

Mênggahing rekadaya têmtunipun namung badhe ngantukakên para kuli wau dhatêng nagarinipun. Nanging sadumugining nagarinipun lajêng badhe kadospundi. Punapa botên namung atêgês ngingsêr kawontênan.

Pamulangan tênun ing Kêdiri. Ing Kêdiri sampun kêlampahan ambikak pamulangan tênun, manggèn ing kampung Jagalan Kidul. Cacahing murid ingkang nêdha mlêbêt wontên 63, ingkang kathah èstri. Bayaring sêkolah f. 0.50, entree f 1.- kabayar kaping kalih. Lamining sêkolah 6 wulan, angsal arta pêpetanganing angsal-angsalan padamêlan 50%. Ingkang 50% sanèsipun katanjakaên dhatêng P.G.H.B. 10%, kangge amal 10%, lan 80% ipun malih kangge ngagêngakên pakaryan. Ingkang dados gurunipun satunggiling wanita wêdalan pamulangan tênun ing Surabaya. Adêging pamulangan wau saking ada-adanipun P.G.H.B.

Comite pamulangan U.L.O. Ing Ngayogya wontên comite ingkang gadhah sêdya ngêdêgakên pamulangan U.L.O. inggih punika pamulangan kadosdene Mulo, nanging mêndhêt lare saking sêkolahan angka 2. Ingkang dados pangarsaning comite Tuwan Malikus Suparto, pangagêng guru H.I.S. Muhammadiyah.

Punika kamajêngan ingkang tuwuhipun anocogi kalihan lampahing jaman.

Bêbaya kêmlaratan ing laladan Bêtawi. Ing laladan Bêtawi lèr kilèn tuwuh bêbaya kêmlaratan. Tuwan Resident Hoek sampun rawuh nyatakakên, pinanggihing papriksan, dhusun-dhusun ingkang katrajang bêbaya wau ing Tigaraksa, Pasilihan tuwin Krèsèk, dene bab wontêning bêbaya kêluwèn botên sapintêna. Ing padhusunan wau wontên tiyang angguran ewon, rumiyin sami asli saking nyambutdamêl ing Tanjungpriok utawi kuli kabudidayan karèt. Mirit papriksan, sarèhing sapunika mèh mangsa panèn, kakintên botên nguwatosakên. Ewadene ingkang wajib taksih nindakakên rekadaya murih sêdya damêl irigatie dipun lajêngaken, awit pigunanipun nyarambahi.

PabriksanPapriksan. ingkang kados makatên punika, anocogi kados pangajêng-ajênging ngakathah.

Punggawa pagantosan ingkang badhe dipun kèndêli. Miturut pawartos, benjing wulan Juni ngajêng punika, pakaryan pagantosan badhe ngèndêli punggawa malih, onderbeheerder 63, hoofd schatter 178, schatter 169, beambte 55, gunggung 492.

Pawartos makatên punika saèstu damêl kêtir-kêtiring manah. Mugi-mugi sami angsal panglipur.

EROPA

[Grafik]

Têtandhingan mêdhar sabda. Wontênipun ing jaman sapunika tiyang ingkang sae utawi tètèh ing kalanipun mêdhar sabda wontên ing parêpatan, limrah dados pangalêmaning ngakathah. Mila pinanggihipun kathah para muda ingkang sinau ulah wêdhar sabda. Ing ngingil punika gambar satunggiling juru mêdhar sabda ingkang nuju ngatingalakên tètèh ucap ing Den Haag, dipun jênêngi Ingkang minulya Pangeran Hendrik.

--- 628 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

17.

Yèn tak rasak-rasakake, saprene aku isih isin, nanging ing bab kaluputanmu iya tak ngapura, Sumarta. Nanging saiki aku janji, tabêting rasane atimu ilangana, karahayonmu ing buri rêksanên.

Dene bab katêmumu karo aku, besuk apa, kuwi kang nguningani mung Pangeran. Nanging isih ana wêlingku manèh, yèn kowe arêp nyawang, utawa arêp gunêman karo aku, tindakna samôngsa kowe wis duwe bojo.

Kowe aja pisan-pisan duwe panêmu, nyêngguh aku ngêmohi mênyang kowe, kanthi rasa sêriking atiku, iku ora pisan-pisan, Sumarta. Mungguh wosing pamikirku, mung gêtun, dene aku lali mèh kêcêmplung ing jurang kasangsaran.

Yèn kowe pancèn nocogi kaya rasaning piwêlingku, lan nêdya ngèlingi sêsambunganing lêlakon ing buri, ilangana tabêt rasaning atimu, êdohna kaananku.

Saka aku, Dhorah.

Satamating pamaosipun, Radèn Sumarta lajêng anjêgrêg, sêrat dipun kanthongi, lajêng mapan tilêm, saha matur dhatêng ingkang ibu, botên sagêd andhèrèk dhahar, amargi kirang sakeca.

7. Rêmbagipun biyung kalihan anak.

Radèn Sumarta sadalu muput botên sagêd tilêm, jalaran raosing katrêsnanipun dhatêng Nonah Dhorah lajêng santun dados gêthing. Tamtu kemawon raos ingkang kados makatên punika nyatanipun malik angosok wangsul, nanging raosipun wontên ing manah botên sagêd sumèlèh. Awit sadaya tindakipun Nonah Dhorah namung dipun anggêp alah ora, saha nêdya namung badhe ngrèmèhakên dhatêng tiyang jalêr. Beda sangêt kalihan panggagasipun Radèn Sumarta sakawit, ngintên manawi Nonah Dhorah asuka margi katrêsnan, awit sadaya patrapipun pasrawungan namung sarwa mikênani. E, jêbul sarêng kesah namung palêncing tanpa wara-wara.

Sasampunipun anggagas panjang, Radèn Sumarta angèngêt-èngêt suraosing sêratipun Nonah Dhorah malih. Ing ngriku Radèn Sumarta rumaos manawi kenging pandakwa gadhah tindak lêpat malah kalêpatanipun katingal dipun cêthakakên.

Panggagas kados makatên punika pancèn ambingungakên, awit Radèn Sumarta botên rumaos lêpat, botên rumaos ngapusi, anggènipun pasrawungan namung salugu kados sacaraning pawong mitra ingkang kulina, namung kaot mawi sinarêngan raosing pamanahan sampun diwasa. Mokal raos kados makatên punika manawi Nonah Dhorah botên mangrêtosa. Punapaa têka ingkang dipun lêpatakên namung Radèn Sumarta piyambak. Pandakwanipun Nonah Dhorah wau, sadaya botên pratitis, awit Nonah Dhorah piyambak inggih gadhah tindak ingkang adamêl gambiraning manahipun Radèn Sumarta.

Dene suraosing sêrat ingkang sangêt anatoni manah, ing bab anggènipun Nonah Dhorah ngrèmèhakên dhatêng bôngsa Jawi. Sanadyan Radèn Sumarta punika awatak andhap asor, nanging sarêng kataman têmbung ingkang nyêrikakên, manahipun lajêng muntab.

Ing bab pamambênging tiyang sêpuh, Nonah Dhorah botên angsal jêjodhoan kalihan tiyang Jawi, punika pantês dipun turut, tuwin botên wontên tiyang ingkang badhe nglêpatakên. Nanging prêlunipun punapa bab makatên kemawon mawi dipun lairakên wontên ing kalanipun pêpisahan. Pancènipun botên usah mawi rêmbag panjang, cêkap cêkak aos kemawon, dados anggèning pawong mitran botên badhe pêdhot.

Manawi dipun raos, patrapipun Nonah Dhorah punika saya adamêl karaosing manah. Raosing manahipun Radèn Sumarta ingkang salugunipun pancèn sampun kêdunungan gêthing dhatêng bangsanipun piyambak, sarêng tampi sêratipun Nonah Dhorah, lajêng malik malah angajèni, rumaos botên lila manawi bangsanipun dipun rèmèhakên. Dados ing sapunika Radèn Sumarta rumaos sangêt, anggènipun dipun rèmèhakên dening Nonah Dhorah, punika jalaran saking anggènipun dados bôngsa Jawi. Môngka ingatasipun tiyang pawong mitran, botên pantês sangêt gadhah tindak kados makatên.

Pêpadhang ing Jawi sampun katingal, sêla-sêlaning jandhela sampun kalêbêtan cahya enjing. Radèn Sumarta anjênggirat, ngucêk-ucêk mripati ingkang araos sêpêt, dening sadalu muput tanpa tilêm. Pangothak-athiking manah anggènipun nêdya malês sêrik tansah wontên, badhe kangge malêsi sêratipun Nonah Dhorah. Nanging lajêng dipun manah malih, aluwung narimah, e, bokmanawi ing têmbe wingking Nonah Dhorah èngêt dhatêng piyambakipun, tamtu kêduwung ing manah. Wontên-wontên kemawon pamanahanipun Radèn Sumarta. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 41, 14 Sura Dal 1863, 21 Mèi 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [629] ---

Ôngka 41, 14 Sura Dal 1863, 21 Mèi 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Tatwawara

Pêthikan saking Sêrat Babad Giyanti

[Mijil]

mangke anggèr kalamun suwawi / inggih sampun ngantos / karêm ngèlmi têguh sasamine / kadigdayan nuragan kasêktin / awit ngèlmi lair / angêkèhkên dudu //

anggèr karêma têtèki dhingin / nêgês karsèng Manon / dèn atêtêp mantêp ing idhêpe / idhêp maring Hyang Kang Murbèng Bumi / supayane dadi / dadi wêkasipun //

wêkasane wong tinitah urip / dèn kongsi praptèng don / lamun têmên anunggal jatine / pan tinêmu barang kang kinapti / waskitha ing gaib / tan samar atêrus //

têrus karakêt mring tingal jati / jatining pangawroh / mrih sampurna anunggal anane / yèn wus nunggal dèn maksih kêkalih / kêkalihe gusti / lan kawulanipun //

laku lair lawan laku batin / yèn sampun gumolong / janma guna utama arane / dene sampun amêngku mêngkoni / kang cinipta dadi / kang sinêdya rawuh //

nadyan silih prang ngidêri bumi / mungsuhira ewon / lamun anggèr mantêp ing idhêpe / pasrah kumandêl marang Hyang Widhi / gaman samya ngisis / dadya têguh timbul //

--- 630 ---

Dongèngipun Petruk dhatêng Garèng

Bab Bal-balanipun para sêpuh

I

Petruk : Kang Garèng: mara rungokna tak caritani. Rikala dina Sabtu kang kapungkur kiyi, esuk-esuk aku olèh kabar, yèn sorene bakal arêp ana têtandhingan main bal antarane kumpulan bal-balan ing Jakarta lan Madiun. Ing sajêroning wêktu ngaso nganggo dislundhingi têtandhingan main bal para sêpuh-sêpuh. Wah, kala samono aku rada prihatin, sabab papan sing kanggo main bal kuwi saka omahku bayarane taksi apês ambalêbês iya mêksa: cêtun. Ewasamono... ora dadi ngapa, kaya dudu ndara priyayi, nganti wêdi kelangan dhuwit mung sarupiyah. Kala samono aku banjur nilpun sawijining priyayi sing arêp mèlu têtandhingan main bal pa[ra sêpuh] mau, yaiku: R. Dr. Suratma, mangkene: allo, dhimas, kabaripun mangke panjênêngan badhe tandhing ing ngayuda, wah, têmtunipun inggih badhe rame, kula mangke inggih badhe mrêlokakên nonton, prêlu namung badhe nyawang sepak trajang panjênêngan, wah, mendah kados soroh amukipun Radèn Kumbakarna. Ana ing tilpun Radèn Dhoktêr Suratma mau banjur gumujêng sarta amangsuli mangkene: Hah, hah, hah, mênapa inggih kangmas. Lo kangmas punapa badhe mriksani, manawi inggih mangke kula papag mawi motor...

[Grafik]

Garèng : O, pancèn iya wong sêmbrana, padune supaya anggone nonton bisa sarana gratis motore, ethok-ethoke ngaruh-aruhi salah sijining priyayi sing bakal mèlu main, tur sing kagungan motor. Le ora idhêp [idhê...]

--- 631 ---

[...p] isin mêngkono. Mêsthine nèk watakmu kuwi iya banjur: inggih sandika, inggih sandika...

Petruk : Kang Garèng, kok ngilang-ilangake le dadi anake rama, iya ora watak yèn aku kok nganti nunut-nunut motore wong liya, apa manèh radèn dhoktêr mau pangkate rada kêsorenên bangêt, mulane aturku iya mangkene: kasuwun, dhimas, kasuwun, kula badhe ngrumiyini.

Garèng : Wèh, wong iya isih sadulurku, putrane rama, sanadyana ora dêduwe, sêthithik-sêthithik iya isih anduwèni kang pawira. Sabanjure kowe apa mangkat dhewe.

Petruk : Wiyah, wong prawira kok diêlih kang pawira mêngkono. Sauwise aku banjur nilpun: Radèn Mas Margana, insêpèktur krêdhit wèsên, mangkene: Wah, kangmas, bal-balan mangke sontên punika mêsthi rome sangêt, kangmas mriksani punapa botên. Wangsulane Radèn Mas Margana mangkene: Inggih dhimas, kula mangke badhe mrêlokakên nonton, manawi dhimas badhe mriksani, mangke jam 1/2 4 kula ampiri. Wangsulanaku: Inggih kangmas, mangke kula andhèrèk. Têkaning ênggon, aku arêp ngaturi urunan dhuwit bènsin, ambok dadi panggalihe Radèn Mas Margana. Arêp andhisiki tuku karcis, wong jênênge andhèrèk, iya jênêng sêmbrana bangêt yèn arêp andhisiki sing didhèrèk, mulane wêruh-wêruh aku wis dituntun ana ing tribinê bae.

Garèng : O, iya pancèn wong ora gênah, dadi karêpe anggone nonton kuwi mung arêp urun mata thok bae, tiwas gêdhe atiku, tak arani iya wong prawira têmênan, jêbulane malah kêng rama andrêmis mêngkono. Wis, wis, banjurna bae caritamu.

Petruk : Tumêkaku ing tribinê, aku rada gumun, dene akèh para putri sing padha mrêlokake mriksani, kiraku bae sing akèh padha garwane priyayi-priyayi sing arêp padha bal-balan, prêlune arêp padha nêksèni, apa cikating sepak trajange raka-rakane padha karo anggone sok bêgita-bêgitu jalaran... sope rada cêmplang upamane.

Garèng : Wiyah, iya ora yèn mêngkono. Anggone nunggoni maine bal-balan raka-rakane mau, wis jamak lumrahe dadi garwa sing sêtia, manawa ana apêse rakane, apa iya kêsambêt, klêngêr utawa kêna apa-apa liyane, kuwi aja nganti kadhisikan ing wong liya anggone... mrêbês mêlês. Saiki, Truk, sadurunge kowe nyaritakake laku-lakune têtandhingan main bal mau, dongèngna dhisik siji-sijining priyayi sêpuh sing padha mèlu main bal.

Petruk : Iya Kang Garèng, nanging iya mung sing tak têpungi bae, iya iku: 1. Tuwan Abdul Rahman, ajung insêpèktur roiwèsên, iki priyayi saka cangcing lan wiwinge salirane, nèk wêwayangane sing rada mèmpêr, yaiku... gunungan. 2 Tuwan Dhoktêr Kayadhu, iki tuwan dêdêge gagah gêdhe dhuwur, tur andêgèg bangêt, ning... wêtênge. 3. Tuwan Dhahlan Abdullah, iki dêdêge cêmpluk sajak rada kaya... gênthong, nanging pènsiunan kampiun [kampiu...]

--- 632 ---

[...n] bal-balan ing Amsêtêrdham (nagara Walônda). 4e. Tuwan Saerun, up rêdhaktur ariwarti Siyangpo. Iki biasane mono dêdêge iya pancèn trincing, nanging jalaran mêntas disanjani inpluensah, katone banjur rada... ênggik-ênggikên, 5 Radèn Mr. Adi, wah, kiyi priyayi pancèn iya Andipati Karna têmênan, mung bae Dipati Karna sing lagi... bèri-bèri, 6 Radèn Dr. Suratma, wêwayangane kaya Radèn Burisrawa, sing mêntas mudhar tapa ana ing alas Krêndhawahana, nanging ing sarèhne satriya jaman saiki, guwayane iya ora manthêr, malah pêtêng, awake lêmês sajak thekla-theklo, 7 Tuwan Paradhah Harahap, up rêdhaktur Bintang Timur, hla, iki katone pancèn iya aksi têmênan, iya teorine (tulisane) iya praktike (kaanane sing têmênan) cêtha aksine tukang nubruk-nubruk, 8 Radèn Suwandi...

[Grafik]

Jago sêpuh sami main sepak raga.

Garèng : Mêngko sik, Truk, mêngko sik, ora, priyayi sing kok côndra kabèh mau, têka ora ana siji-sijia sing apik. Hara saiki tuturna mungguh awakmu dhewe saupama dipiji mèlu main bal banjur manganggo cara tukang main bal, kaya apa candrane.

Petruk : Wah, nèk aku wis gênah: lênjang, cangcing, wiwing kaya priyayi... cacingên. Wis, wis, Kang Garèng, saiki samene bae dhisik, liya dina tak caritani sepak trajange siji-sijining priyayi sing padha main bal-balan mau. Wah, nyata: rame, aksi, lucu, cêkake wong karipan rong dina rong bêngi ora kobêr mêlèk, mripate mêsthi bakal malolo, lan cangkême ambêlèwèh têrus-têrusan, sabar dhisik têkan liya dina manèh. Nanging sadurunge aku nutup dêdongenganaku saiki kiyi, tak nêrangake dhisik gambar iki, gambar ngisor, yaiku para jago-jago tuwa sing padha main bal, jarene umure gunggung kumpul kira-kira ana: 1012 taun 8 sasi, 25 dina, 17 jam, 59 mênit, punjul 13 sêkon. Dene gambar sing dhuwur, sawatara jago-jago, sing padha ngunjal napas salêbare main bal. Sing ngèplèh-èplèh awake dicagaki tangane, kuwi Tuwan Paradhah Harahap, sing èmpêre sajak lagi ngetungi lintang ing langit, sarana ambatin: wèh, bok okèhing phulusku ki padha karo cacahing lintang-lintang kae, ya.

--- 633 ---

Jagading Wanita

Pangudaraos

[Dhandhanggula]

Raras ruming sarkara kinapti / rasaning tyas mring talêsing basa / sumaput sêpêt driyane / wardine dera emut / nênilasi jamaning nguni / ingkang pinuja-puja / rêmbaging pra sêpuh / buntas mring wulanging kuna / karanèku sarjana kang ulah budi / linuwih saniskara //

yayah kadi jawata kang pinrih / samya mardi ulah tapabrata / rèh ing nguni panutane / nayakaning pra Wisnu / gama Buda ingkang binibit / samya ngadu tiyasa / rinuruh mrih punjul / ing nguni dhasar wus kobra / samya pinèt carita purwa tanapi / labêt tabêting praja //

marma para mudha jalu èstri / mung milala lêlabêting kuna / wus lumèngkèt mring driyane / tangèh lamun tan anut / ila-ila ujaring kaki / kinira wus sampurna / mring sakaliripun / lami-lami bôngsa Jawa / sarawungan lawan bôngsa liyan nagri / satêmah salin jaman //

salin sêdya salin kang pinardi / dadya bibrah jaman ila-ila / jalu èstri datan pae / têbih mring bratanipun / tumuju ring kawruh kang lair / sapa kang cara kuna / gugon tuhonipun / ingèsi-èsi sasama / rèh wus cêtha sabarang jamane salin / patut lamun tinilar //

nging kang ngarang tuna tiwas yêkti / rèh rumôngsa manggung tidha-tidha / yun milu paran lumrahe / èstri samya manêmpuh / kawruh kilèn datan kadugi / cupêt sarananira / kidhung kasèp lalu / dadya mung kandhêg ing sêdya / ngarah wignya kridhaning kawruh ondêrwis / sayêkti tan kawawa //

têmah tuna kandhêg tantuk margi / rèh wong tuwa tiwas tan sambada / anartani sakridhane / dadya têkèng pakewuh / yun mêmulih lir jaman nguni / asor tinon ing liyan / tan jaman ranipun / yun milu warah Eropah / wêgah ngangkah jêr tan putus cara Wlandi / basane Jawa tuna //

dadi dadak tiru-tiru kadi / nonah mêntah mogol nora tamat / ginuyu mring sasamine / kidhung sakaliripun / adhuh lara rasaning ati / tiwantiwas. salin salaga / dene nora antuk / waluya ing uripira / marma mangke têtêp ewuhaya sami / mênangi salin jaman //

dhuh kalamun pinikir prêmati / kang sayogya baya kang waspada / tujuning urip samangke / lamun pancèn kacakup / sugih singgih patut amardi / luwih ing saniskara / rèh èstri lan jalu / wus tan ana bedanira / angadani pakaryan kantor tanapi / milu angêmbat praja //

nging kalamun pancèn cupêt picis / baya bêcik lastari dènira / cara Jawa sakalire / susilèng èstri tinut / amêmêtri mring gurulaki / gampang tumindakira / nora tiba kidhung / gendhong ngindhit tan rêkasa / anêtêpi wulang kuna ingkang kenging / linakon salin jaman //

dhuh suwawi kadang ngong pawèstri / samya milih tindaking agêsang / mrih tan kuciwa uripe / aywa ta samya kantun / kamajêngan jamaning mangkin / aywa supe marang /Kurang satu suku kata: aywa ta supe marang. basa bangsanipun / nadyan lêbda sanisakara / ywa anilar kasusilan èstri Jawi / titi minta aksama //

Sinandi.

--- 634 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Kawontênan ing Bopên Dhigul

Sambêtipun Kajawèn nomêr 40.

Miturut cariyosipun sêsêpuhing têtiyang Kaya-kaya ingkang sami ngèngèr têtiyang bucalan ing Tanah Merah, têtiyang Kaya-kaya punika ugi sampun anggadhahi pranatan. Pranatan ingkang sampun kawontênakên dening golonganing têtiyang Kaya-kaya, ing môngka wontên ingkang anêrak pranatan wau, punika lajêng têrus katundhung saha kaancam bilih wangsul badhe kapêjahan. Tiyang Kaya-kaya ingkang katundhung saking golonganipun punika botên namung satunggal kemawon, ananging sanès golongan inggih wontên ingkang katundhung. Têtiyang Kaya-kaya ingkang sami katundhungan punika manawi sagêd kêmpal, lajêng sagêd rukun. Sasampunipun rukun, Kaya-kaya tundhungan lajêng andamêl rêrêsah, wontên ingkang nyolong utawi ambegal.

Ingkang ngasta paprentahan ing Dhigul punika manggalih dhatêng kamajênganipun têtiyang Kaya-kaya, malah kula mirêng kabar, bilih têtiyang Kaya-kaya ing Asike saha Kalimuyu sampun kaparingan pirantos saha gabah. Karsaning pangagêng ingkang ngasta paprentahan ing Dhigul, tiyang Kaya-kaya ingkang nêdya andamêl sabin punika kabiyantu saking parentah.

Rêroncènipun kawontênkawontênan. ing Tanah Merah.

a. Patêgilan

Ingkang kula aturakên ing nalikanipun paprentahan ing Tanah Merah kaasta panjênênganipun Tuwan Monso, bilih ingkang dèrèng tumindak punika, prakawis panyuwaking ondêrsêtan, ananging manawi prakawis ambabad wana kangge patêgilan sampun tumindak, tumindaking ambabad wana kangge patêgilan makatên:

Têtiyang bucalan sarêng nampi dhawuh saking panjênênganipun Tuwan Monso, kapurih amiwiti ambabad wana kangge patêgilan, sêsrawungan ing Tanah Merah lajêng dados kalih golongan, inggih punika golongan ingkang purun saha botên purun ambabad wana kangge patêgilan.

Têtiyangipun bucalan ingkang sami purun ambabad wana kangge patêgilan punika dados tigang golongan.

1. Golongan ambabad piyambak

Golongan ingkang ambabad piyambak punika, satunggal-satunggalipun tiyang nyuwun supados kaukurakên wana piyambak, ingkang badhe kababad kangge patêgilan. Ing wiwitan tiyang satunggal kaparingan satêngah hektarê. Têtiyang ingkang nampi bagean piyambakan, sarêng sampun kaêdum lajêng sami miwiti ambabad.

Tiyang ingkang ambabad piyambakan punika caranipun ambabad inggih botên sami. Wontên ingkang ambabad rumiyin angrêbahakên kajêng satêngah hektarê, wontên ingkang ambabad saking sakêdhik lajêng dipun rêsiki. Ing papan ingkang kakintên botên karêbahan kajêng ingkang katêgor, lajêng wiwit dipun tanêmi. [tanê...]

--- 635 ---

[...mi.] Tindakipun tiyang bucalan punika lumintu. Dene ingkang ambabad wana sabageyanipun punika, sarêng sampun kathah kajêngipun ingkang rêbah lajêng dados kêsèd, ngantos wontênipun antuk-antukan sapisan dèrèng punapa-punapa, ananging ingkang mipil saking sakêdhik sampun kenging kawastanan rêsik, malah wontên ugi ingkang nyobi anggaga sakêdhik. Gaga punika tuwuhipun sae, ananging sarêng uwoh, sami gabug.

[Grafik]

Pamêdal ing Dhigul.

Ingkang sami dipun tanêm wontên ing patêgilan punika kados ta: lombok, terong, kênthang, timun, sêmôngka, kacang tunggak, kacang lanjaran, kacang brul, tela rambat, tela kaspe saha sanès-sanèsipun. Tanêmanipun inggih mèh sami kemawon kalihan tanêman ing patêgilan tanah Jawi. Namung tanêman kênthang ing Tanah Merah botên sagêd wontên isinipun. Pisang inggih katanêm, ananging gêsangipun namung sagêd uwoh tigang wêkdal. Manawi kakèndêlakên ing panggenanipun lami botên kapêncarakên, lajêng pêjah, manawi wontên anakipun, sawêg mingib-mingib lajêng mênggak-mênggik botên sagêd inggil, ing wusananipun lajêng pêjah. Uwit pisang ingkang sagêd widada gêsangipun punika uwit pisang raja. Pisang sanèsipun manawi awohipun sampun tigang pranakan, sanadyana kasuda anakipun mêksa botên sagêd awoh malih.

2. Golongan ambabad umum

Sagolonganing têtiyang bucalan ingkang badhe ambabad sarêng-sarêng punika sasampunipun kapitêdahakên papan panggènaning ambabad inggih lajêng sami miwiti ambabad. Ing sakawit têtiyangipun inggih katingal sênêng-sênêng ambabad sêsarêngan. Ing sarèhning kawontênan manungsa punika botên ajêg, dados inggih botên anggumunakên bilih ing golongan punika ugi wontên tiyangipun ingkang mlincur. Badhe kasambêtan.

Aris Munandar.

--- 636 ---

Nagari Ngamônca

Pasulayan Jêpan kalihan Tiongkok

Pitêmbungan padhami sapanunggilanipun, ingkang atêgês nyirêp pasulayanipun Jêpan kalihan Tiongkok, limrah dipun ucapakên, nanging mênggahing nyatanipun, inggih namung dados ucap-ucapan kemawon, upami dipun perang, malah kathah botênipun, awit, kawontênan ing Sjanghai ingkang umumipun dipun wastani dados têlênging padhamèn, nyatanipun malah lajêng nuwuhakên darêdah ingkang tuwuh saking bôngsa sami bôngsa, inggih punika bôngsa Tionghwa, dening ngrumaosi pikantukipun namung damêl kapitunan. Malah miturut sêratipun Tiongkok dhatêng Polkênbon, nêrangakên bilih kawontênanipun wadya Jêpan ing Mansjoerie langkung kathah tinimbang kalihan palapuranipun komisi Polkênbon ing bab punika, lan Tiongkok anganggêp, bilih wadya wau kanthi tatanan ingkang langkung prayogi. Bab punika dados nocogi kados pangintên, sirêping paprangan ing Sjanghai atêges namung ngingêr papan kemawon. Malah ing pangintên, ing salajêngipun Jêpan gadhah sêdya badhe nêtêpakên paprentahan militèr wontên ing Mansjoerie saha salajêngipun ngêlar dhatêng jajahan sanèsipun.

[Grafik]

Tsjang Kai Shek

Makatên ugi tumrapipun Jêpan, pandakwa dhatêng mêngsah ingkang atêgês botên narimahakên inggih tansah wontên kemawon, tumrap wadya Jêpan ing Mansjoerie rumaos kinêpang ing wadya Tiongkok ngantos 48.000. Goyat-gayuting lêlampahan kados makatên punika, manawi dipun taliti, larah-larah gêgandhenganipun kalihan padhamèn ing Sjanghai kados taksih wontên sambêtipun. Dene wos-wosipun ingkang wigatos, tumraping rakyat Tiongkok niyat namung ngêmohi dhatêng kèndêling paprangan, lajêng tuwuh ngèmbèt-èmbèt dhatêng panuntun, sawênèhing golongan gadhah panêdha supados Tsjang Kai Shek dipun kèndêli.

Manawi mirid sêsulaking paprangan punika, pancèn cêtha lôngka sagêdipun tumuntên sirêp, awit salêbêting paprangan, tumrap pangudi indhaking dêdamêl gagrag enggal, tansah wontên kemawon, kados ta mimis ingkang lampahipun ing dalêm sasêkon 1300 mètêr, manawi namani sagêd adamêl [ada...]

--- 637 ---

[...mêl] karisakan anggêgirisi, kuwawi narajang papan têmbaga ingkang kandêlipun 2½ sèntimètêr, namung lus kados narajang bubur kemawon. Dados wontêning dêdamêl enggal wau, dhapur anocogi kalihan mangsanipun, lajêng kenging kacobi tumuntên, mêgah-mêgahakên.

Manawi miturut pangintênipun babagan militèr Eropah, tindakipun wadya Jêpan golongan 14, punika pantês-pantêsipun badhe ngêtog karosan, nêmpuh dhatêng golongan Tiongkok, murih sumingkir saking watês Sovjet Rusland. Tamtunipun pangintên kados makatên wau ugi sampun kanthi wawasan ingkang gathuk kalihan nalaripun, awit ingatasing ingar-ingêr paprangan, tumrapipun golongan prajurit tamtu botên badhe kêkilapan. Kados ta ing bab sujananipun Jêpan dhatêng Sovjet, punika botên namung kandhêg wontên ing batos kemawon, malah sampun kalair wongsal-wangsul kanthi nindakakên têmbung pandakwa kadosdene ngêcog gêmol. Dados panêmpuhipun wadya Jêpan, ingkang badhe nyingkirakên wadya Tiongkok saking watês, punika kados mêngku kajêng, supados golongan wau sampun ngantos kangge uwod. Mila saupami wadya Tiongkok sagêd sumingkir saking ngriku, nama mêdhotakên margi.

Gêgayutanipun lampah wadya Jêpan ingkang kaangkatakên dhatêng Mansjoerie katingal sajak kasêsa, awit kasantosanipun wadya-wadya Tionghwa ing ngriku sajak botên kenging dipun sabarakên malih, kaprawiranipun Jendral Ma ingkang rumiyin dipun wastani kêndho, ngucira, sapunika wiwit katingal, tandangipun kados banthèng kataton. Nanging tumraping gêlar paprangan, sawarnining pangintên ingkang ngèngingi dhatêng Jêpan, katingalipun tansah tinanggulang ing wêwaton, ingkang raosipun angosokwangsul. Kados ta ing bab têlênging wadya Jêpan punika manggèn ing Dairen, prêlunipun badhe kangge nanggulangi panêmpuhing wadya brandhal, awit kawontênanipun rakyat Jêpan ing Mansjoerie tansah tinêmpuh ing tiyang awon, sarana tindak anjarah rayah sapurun-purunipun. Pulisi tuwin militèr botên kuwagang nanggulangi.

Ministêr Jêpan babagan paprangan, botên kêndhat pamawasipun, malah lajêng gadhah usul dipun kanthèni pangancam, inggih punika ing bab unduring wadya Jêpan saking Sjanghai, supados lajêng ngawontênakên parêpatan, prêlu ngrêmbag adêging laladan ingkang kamardikakakên, tuwin nyirnakakên tindak bekot saindênging Tiongkok. Bilih usul wau botên kasêmbadan, Jêpan badhe gadhah tindak kados ingkang sampun, wontên ing Sjanghai. Hara ta, pundi ingkang nama wontên sêsunguting padhamèn ingkang têtêp.

Anyarêngi kalamôngsa ingkang kados makatên punika, pangarsaning nayaka Jêpan Inukai cinidra ing tiyang, dumugi ing tiwas. Tuwuhing tindak cidra punika tuwuh saking bôngsa Jêpan piyambak. Dene kajêngipun kadospundi, dèrèng kacêtha.

Samantên rumiyin.

--- 638 ---

Kawruh Sawatawis

Daging

Daging ing ngriki ingkang dipun pikajêngakên, daginging kewan ingkang limrah katêdha ing tiyang tanah ngriki, inggih punika daging maesa lêmbu tuwin sanès-sanèsipun. Ing sarèhning daging wau para têtiyang ing ngriki taksih sabagean agêng ingkang ambêtahakên, pramila botên wontên awonipun, kula pisungsungakên ing kalawarti Kajawèn, lowung kenging kagêm sêsambèn nganggur.

Nalika tiyang taksih prasaja gêsangipun, bokmanawi sampun sami ambêtahakên nêdha daging. Nanging pangalap sarta panêdhanipun bokmanawi inggih sami sarwa prasaja kados ta: pangalaping daging saking kewan mawi patrap siya-siya sangêt, panêdhanipun daging cêkap mêntahan, rahipun kauyup. Nanging sangsaya dangu gêsanging manusa punika nuju dhatêng kasampurnan, pramila bab panêdhaning daging inggih katut tumuju dhatêng kasampurnan.

Saking ada-adanipun pamarentah gêmèntê sarta rêgènsêkap, ing panggenan ingkang kathah jagalipun, sami dipun êdêgi griya pamragatan abattoir sarta dipun têtêpi punggawa, ingkang kawajibakên nitipriksa bab sêsakiting kewan ingkang badhe kapragad sarta niti daging, inggih punika keurmeester. Dene ingkang katêtêpakên dados keurmeester wau, kêdah tiyang ingkang sampun angsal pasinaon bab nitipriksa kewan lan daging.

Ing wanci ingkang sampun katamtokakên, inggih punika jam samantên dumugi jam samantên, sadaya kewan ingkang badhe kapragat, kêdah sampun sumadhiya. Ing ngriku lajêng wiwit katiti dening kirmèstêr, punapa kewan-kewan wau sami botên nandhang sêsakit nular, langkung-langkung ingkang ambêbayani tumrap kasarasaning tiyang. Tumrap maesa sarta lêmbu èstri kajawi katiti kados ing nginggil wau, ugi katiti punapa maesa utawi lêmbu èstri wau sampun kaparingan palilah dening ingkang wajib Veearts manawi kewan wau kenging kapragat.

Ing sarampunging paniti, manawi sampun dumugi wanci (jam) ingkang katamtokakên, lajêng wiwit kapragat. Ing sakawit suku sakawan katangsulan mawi tangsul ingkang wulêt, gulu kaulur sêmu andhangak, prêlunipun supados ing peranganipun gulu ingkang ngajêng sagêda kêncêng. Lajêng wiwit kapragat dening modin utawi kaum. Pamragadipun kêdah rosa lan sagresan, kêdah sagêd mêdhotakên kulit sangajêng lan kiwa têngêning gulu, gurung, lêd-lêd, margi rah ing gulu kiwa têngên halsslagaderen lan daging ing gulu halsspieren. Pramila berang (lading) pamragatan punika kêdah ingkang landhêp saèstu. Ing sadèrèngipun pêjah saèstu, tukang kêlètipun botên kenging anggarap punapa-punapa, kajawi namung andudut êlêd-êlêd prêlu dipun tangsuli, awit sampun ngantos rêrêgêd ing babad wutahing êrah, jalaran limrahipun rah wau katêdha ing tiyang. Dene manawi sampun kêlajêng rahipun kêsokan ing rêrêgêd saking babad, kêdah kabucal.

--- 639 ---

Manawi kewanipun sampun pêjah saèstu, katitik saking mripatipun dipun colok sampun botên kêdhèp, utawi buntutipun kacoklèklakkacoklèk. botên ebah, lajêng wiwit dipun kêlèti. Sajatosipun cara makatên wau taksih kirang sae, jalaran kewanipun taksih kraos sakit kalanipun dipun jagal sarta kairis sapisanan wau (dados taksih nama siya-siya). Dene cara ingkang sae punika: mawi pirantos ingkang kawastanan schietslachtmasker, wujudipun saèmpêr pistul isi patrum mawi mimis utawi pèn. Patrapipun pirantos wau katèmpèlakên ing bathuking kewan, lajêng kathuthuk mawi palu alit, wusana patrumipun anjêblos, mimis utawi pènipun malêbêt ing sirah kewan angèngingi utak, sanalika kewan lajêng ambruk sumaput, têrus katungka ing modin ingkang mragat kados kalimrahanipun. Namung kuciwa patrap ingkang makatên wau dados awisaning agami Islam.

[Grafik]

Griya pamragatan (abattoir) ing Ngayogya.

Sarampuning anggènipun ngêlèti, lajêng kakèrèk sarana katrol sarta mawi pirantos ingkang kasadhiyakakên ing griya pamragatan wau. Patrapipun ngèrèk, suku wingking dumunung wontên ing nginggil (dados dhapur gumandhul kasungsang). Jêroan sadaya kawêdalakên, ingkang prêlu kakumbah kados ta babad lan usus, lajêng kakumbah mawi toya ingkang bêning (water leiding), sirah kapêcah supados ilatipun katingal sarta daging ingkang gumantung wau karêsikan mawi srêbèt ingkang rêsik. Sarampungipun lajêng sadaya jêroan lan sirahipun kagantung cêlak kalihan dagingipun. Badhe kasambêtan.

Pun Sukirna.

--- 640 ---

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

Swadeshie tuwin Selfhelp

Ada-ada "swadeshie", inggih punika ngangge tuwin migunakakên barang damêlanipun piyambak, punapadene ada-ada "selfhelp" ingkang kirang langkung atêgês: mêntas dening awakipun piyambak, tumrapipun samangke kados sampun mratah nglubèri ing saindênging tanah Indonesia. Tuwuhing pabrik tênunan ing pundi-pundi panggenan, ingkang asuka pangupa-boga, dhatêng têtiyang siti pintên-pintên cacahipun, mêsthi adamêl sênêng tuwin bingahing manahipun sadaya tiyang ingkang trêsna dhatêng bangsa tuwin tanah wutah rahipun. Awit pajênging barang-barang tênunan tuwin lurik-lurikan punika, tumrap têtiyang ngriki, langkung malih bangsa Jawi, sagêd nuwuhakên bedaning raos-rumaos. Ingkang suwaunipun, jalaran ngangge rasukan tuwin clana: palmbeach utawi kabardin, angandhahi raos-rumaos kadosdene sêsêkaring tukang main gambar idup, inggih punika: Tom Mix, Ramon Navaro utawi Maurice Chevalier, ingkang tandang tandukipun dipun damêl aksi tuwin sirahipun dipun manthuk-manthukakên sajak officier sawêg parade katonton dening tonanganipun, sarêng mawi lurik-lurikan tuwin barang tênunan sanalika lajêng salin salaga, inggih punika sok anggadhahi raos-rumaos makatên upaminipun: "Wèh kok kaya Jaka Tingkir."

Ungêl-ungêlan "wèh kok kaya Jaka Tingkir", punika salêrêsipun mila lajêng sajak kêmaki, kêmênthus utawi sajak mêndele, punapa malih manawi ingkang gadhah raos-rumaos makatên punika saking bagusing rupinipun ngantos kados... bêdudan, ewasamantên mêksa sagêd ugi wontên saenipun. Jalaran botên beda kados tiyang ingkang ngrumaosi kados Tom Mix, lajêng tandang tandukipun dipun aksèk-aksèkakên, dipun sigrak-sigrakakên, makatên ugi tiyang ingkang anggadhahi raos-rumaos kadosdene Jaka Tingkir utawi Arjuna upaminipun, têmtunipun sakêdhik-sakêdhik inggih lajêng ngemba wêwatêkanipun Jaka Tingkir utawi Arjuna wau, inggih punika mênggahing kaalusaning bêbudènipun, kaprawiran tuwin kêkêndêlanipun, nanging mênggahing Arjuna mangke ingkang dipun tiru gèk namung... thukmisipun. Saya bantêr panirunipun dhatêng para satriya-satriya ing jaman kina, kenging kula têmtokakên bilih inggih lajêng saya kandêl raosing kabangsanipun.

Samangke ngrêmbag sawatawis mênggah ingkang dipun wastani ada-ada "selfhelp", inggih punika ingkang atêgês kirang langkung: mêntas dening awakipun piyambak.

Dumugining samangke bangsanipun piyambak punika kenging dipun upamèkakên lare alit ringkih, ingkang sadaya-sadayanipun kêdah sarana dipun tuntun tuwin dipun wulang. Kados ta: badhe sinau lumampah, kêdah tansah dipun tetah, botên pisan-pisan angsal rembetan piyambak, cariyosipun dipun kuwatosakên, bilih mangke dhawah. Badhe nêdha kemawon tansah dipun dulang, awit dipun kuwatosakên manawi-manawi kêlêlêgên êri utawi balung. Dados ingriku lare wau sajakipun dipun eman-eman sangêt, nanging sanyatanipun punika malah adamêl kapitunanipun lare wau. Jalaran, ing sarèhne sinaunipun lumampah tansah dipun tetah botên nate angsal nyobi lumampah piyambak, ing têmbe sagêdipun lumampah, kajawi badhe dangu sangêt, inggih tansah anggadhahi kuwatos manawi dhawah kemawon, têgêsipun: mas ngantèn jirih lajêng nèmpèl wontên ing badanipun kemawon. Tumrap ingkang nuntun, manawi ingkang dipun tuntun wau tansah gilapên, têmtunipun cara Mlayunipun inggih sagêd: senang-senang didalam hati. Awit lajêng sagêd sapurun-purun.

Nêdhanipun tansah dipun dulang, punika anjalari pun lare kasêkecanên, botên rêkaos sêmang mawi muluk utawi nyendhoki punapa ingkang kêdah dipun têdha. Wusananipun lare wau lajêng kulina, manawi botên dipun dulang inggih botên sagêd nêdha. Têgêsipun: ing têmbe manawi botên ingkang andulang wau ingkang suka têdha, inggih botên badhe sagêd pados têdha piyambak. Cêkakipun lare ingkang makatên punika, gêsangipun salami-lami badhe tansah gumantung dhatêng tiyang sanès ajêgan, alias dados abdi salami-laminipun.

Sêdyanipun ada-ada "selfhelp" punika badhe ngewahi cara panggulawênthah ingkang makatên punika. Nuntunipun lare murih sagêd lumampah, sasagêd-sagêd sampun tansah dipun tetah kemawon, nanging kêdah sêring dipun êculakên. Dhawah utawi kagulung-gulung botên dados punapa, murihipun, pun lare sagêda bandêl. Manawi lare sampun sagêd kêmlawe tanganipun, botên prêlu dipun dulang, nanging dipun kulinakakên supados sagêd nêdha piyambak.

Makatên mênggah gêgambaranipun ada-ada "selfhelp" punika. Dados pikajênganipun nênuntun bangsanipun supados sampun tansah gumantung dhatêng bangsa sanès, nanging sadaya-sadayanipun sagêda nindakakên piyambak. Tuwuhipun pintên-pintên kabudidayan tuwin bêbadan sanès-sanèsipun, kados ta: Instituut Taman Siswa, ingkang samangke sampun ngêdêgakên pamulangan wontên ing saindênging tanah Indonesia saha pakêmpalan Muhamamadiyah, ingkang kajawi ngawontênakên sakolahan ugi ngêdêgakên griya sakit wontên ing pundi-pundi panggenan, makatên [ma...]

--- 641 ---

[...katên] ugi adêgipun Bank Nasional ing Surabaya, ingkang ing têmbe têmtu badhe ngawontênakên cabangipun wontên ing sanès-sanès nagari, tuwin sanès-sanèsipun, ambuktèkakên bilih ada-ada "selfhelp" alias punapa-punapa dipun tandangi piyambak, samangke sampun wiwit dipun tindakakên.

Nitik andharan inginggil punika, murih sêdyanipun wau tumuntên sagêd kalêksanan, lampahipun ada-ada "swadeshie" kalihan "selfhelp" wau inggih lajêng kêdah sêsarêngan. Nanging mênggahing pamanggih kula, ingriki cêtha, bilih sêdyanipun ada-ada kêkalih wau botên sanès kajawi namung badhe ngudi murih tumrap sadaya-sadayanipun sagêda nindakakên piyambak, sampun kok lajêng tansah gumantung dhatêng bangsa sanès.

Ada-ada ingkang makatên wau, inggih punika: ngudi sampun ngantos kêlajêng-lajêng tansah gumantung dhatêng bangsa sanès, punika sampun mêsthinipun kêdah ingalêmbana, lan sadaya tiyang ingkang pancèn trêsna dhatêng bangsa tuwin tanah wutah rahipun, sampun wajibipun sami amanjurung lan ambantu kanthi sakiyat-kiyatipun dhatêng ada-ada wau. Jalaran saking punika amila kula lajêng gumun ing manah, dene wontên sêrat kabar, ingkang salami-laminipun tansah ngajêngakên dhatêng ada-ada kalih warni wau, jalaran wontênipun nagari amrithili sakathahing onderwijs wontên ing tanah ngriki, ujug-ujug têka lajêng damêl ada-ada supados ngintunakên sêkolah anak-anakipun tiyang siti dhatêng... Jêpan. Lo, punika mênggahing kula, kadosdene tiyang ingkang kacêmplung ing blumbang, dipun tulungi kêlêbêtakên ing... jumlêng. Têgêsipun: ingkang suwaunipun tansah gumantung dhatêng bangsa sanès, ing wusana lajêng badhe katulungan ingkang lajêng badhe gumandhul dhatêng bangsa sanès malih ingkang mbing ngrikanipun. Samangke lajêng wontên ing pundi dunungipun "swadeshie" sarta "selfhelp"? Ewasamantên ada-ada badhe ngintunakên lare sakolah dhatêng Jêpan, punika kados-kados inggih mêksa wontên gunanipun, inggih punika:

1e. Sêdya badhe ngajrih-ajrihi, upaminipun kemawon makatên:

Lare adrêng gadhah panêdha dhatêng bapakipun makatên: "Ayo, pak, aku tukokna piet, nèk ora ditukokake aku arêp nyêmplung sumur."

Tumrap bapa ingkang pancèn trêsna sangêt dhatêng anakipun, tur sambada, jalaran kuwatos, bilih anakipun nyêmplung sumur sayêktos, mbokmanawi inggih lajêng: kluthuk, enggal-enggal numbasakên panêdhaning anakipun wau. Nanging tumrap bapa ingkang pancèn botên gadhah, badhea trêsna dhatêng anakipun kados punapa, sanadyan anakipun badhea nyêmplung sumur dipun sarêngi ngêndhat talimurda tuwin nguntal warangan samangkok pisan, nanging manawi pancèn botên gêgadhahan, têmtunipun inggih botên badhe sagêd nuruti punapa panêdhanipun si anak wau.

2e. Lare ingkang dipun sinaokakên dhatêng mancapraja, punika sagêd anjajah lan sagêd anjêmbarakên polatan tuwin wawasanipun, malah kadhangkala manawi dhong kalêrêsan, mantukipun sagêd ambêkta angsal-angsal... bijlage (lampiran) ingkang sagêd mlerok.

Kula pancèn inggih pitados dhatêng saenipun lare-lare tanah ngriki dipun sêkolahakên ing tanah Jêpan, awit ing tanah ngriku punika kawontênanipun onderwijs pancèn inggih sampun nyêkapi sayêktos. Nanging lajêng kadospundi ada-ada "swadeshie" tuwin "selfhelp" wau? Tumrap 20 taunan sapriki ngintunakên lare ngriki dhatêng Jêpan, kula mila inggih asese sangêt, jalaran kajawi wragadipun mirah, kala samantên cacahipun para têlèk, ingkang sami wêdalan pamulangan luhur, kenging kula samèkakên kalihan... kukulipun kênya ingkang sawêg badhe ngangkat birahi, têgêsipun sawêg satunggal kalih. Nanging sarêng samangke cacahipun para kênthingan sampun narucuk prasasat kados kadhas kudhis, punapa botên nama ngrèmèhakên dhatêng kasagêdanipun para jamhur-jamhur wau, saupami nyêkolahakên lare kamawon dhatêng tanah Jêpan. Ingatasing nagari kemawon sampun ngrêgèni sangêt dhatêng para têlèk-têlèk wau. Buktinipun sampun kathah ingkang kajibahakên mulang ing pamulangan têngahan, kados ta: Dr. Sutomo, Dr. Suwarno, Tuwan Katamsi lan sanès-sanèsipun. Malah ingkang dipun angkat dados professor amulang ing pamulangan luhur, inggih sampun wontên, inggih punika: R. Prof. Dr. Husein Jayadiningrat. Punika ngêmungakên têlèk-têlèk ingkang sami ngabdi dhatêng nagari. Ing mangka ingkang sami "partikelir saja", cacahipun inggih sampun bal-balan, ingkang kenging katêmtokakên sami atos-atos, kados ta: Tuwan-tuwan Ir. Sukarno, Mr. Singgih, Dr. Wedyadiningrat, Dr. Samsi lan taksih kathah malih tunggilipun, ingkang kintên-kintên kenging kapiji sagêd mulang wontên ing pamulangan têngahan. Malah mbokmanawi sagêd mulang wontên ing pamulangan luhur.

Nitik kawontênan makatên wau, kados-kados langkung utami bilih bangsa ngriki lajêng cancut tumandang nindakakên swadeshie, inggih punika miji bangsanipun piyambak ingkang sampun sapantêsipun wau kadadosakên panuntun adêging pamulangan-pamulangan têngahan tuwin pamulangan luhur kangge ngajêngakên pasinaoning anak-anaking bangsanipun. Dados sampun ngantos anak-anak kula sadaya wau, ing têmbe taksih gêsang wontên ing rêgêmaning bangsa liyan kemawon, sagêda nuntên anêtapianêtêpi. gêsang "selfhelp"; idham-idhamaning rakyat ingkang sakintên badhe miraos wohipun, punika bilih botên kalayan tindak prêmati wau, mbokmanawi rêkaos sagêdipun kadumugèn punapa ingkang ginayuh. Mila saking pamuji kula, mugi-mugi bab punika dadosa panggalihanipun para gembong-gembonging pakêmpalan, salajêngipun sagêda saiyêg sêsarêngan rumagang nyambutdamêl, ingkang anocogi saèstu kalihan gêlagating jaman, sampun dipun êndhe-êndhe padamêlan ingkang langkung kathah aosipun punika, prayogi tumuntêna cekat-cèkêt nanjakakên kados ingkang dados pangajapanipun pun PÊNTHUL.

--- 642 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-serat kabar sanès.

TANAH NGRIKI.

Prayagung luhur badhe dhatêng nagari Walandi. Kawartosakên, benjing wulan Juni ngajêng K.R.T. Sosronagoro ing Surakarta badhe nglajêngakên sinau dhatêng nagari Walandi, prêlu bade pados sêsêbutan Doktor. Panjênênganipun K.R.T. wau kagungan diploma Grootambenaar.

Kabêgjan kados ingkang dhumawah dhatêng K.R.T. Sosronagoro punika kenging dipun wastani ngumbuk-umbuk, dhasar putraning pêpatih dalêm nata, dipun mantu ing nata, sinaunipun dipun waragadi nagari (karajan Jawi), dhasar katêngên ing damêl. Dados mênggahing pangajêng-ajêng prakawis sumilih dados warangka nata, bêbasan kantun nuthuk pongge.

[Grafik]

Angsal sêsêbutan Doktor. Ing pamulangan luhur doktêr mêntas ngêpyakakên R. Asikin Wijayakusuma, Arts, guru Stovia, angsal sêsêbutan Doktor, sarana adamêl karangan "Bilirubine verhoudingen bij zieke en gezonde personen in de tropen". Mênggah lampah-lampahanipun kados ingkang sampun nate kapratelakakên ing Kajawèn. Gambar nginggil saking kiwa manêngên Prof. C.D. de Lange. Nyonyah Asikin, Nyonyah de Langen, Dr. Asikin.

Rantaman wragad praja Kasultanan tuwin Pakualaman Ngayogya. Tuwan Guprênur ing Ngayogya mêntas parêpatan, ngrêmbag rantaman wragad praja kêkalih kasêbut nginggil. Mirit petangan, malah pinanggih bathi.

Raantaman makatên punika nyênêngakên.

Sudaning angsal-angsalan sadean candu ing Jawi Wetan. Miturut petangan, angsal-angsalaning sadean candu ing Jawi Wetan salêbêtipun wulan April 1932 wontên f 292.633.95, dene angsal-angsalan wulan April 1931 wontên f 427.383.80. Tumrap f 103.493.70. Ing kitha April 1932 wontên f 48.788.10, April 1931 wontên f 63.307.50.

Dados pêpetanganipun sarwa suda.

Tamu kapal pêrang. Benjing wêkasanipun wulan punika palabuhan ing Bêtawi (Tanjungpriok) badhe kadhatêngan kapal pêrang Itali nama "Trento", dipun pangagêngi Admiraal Cavagnari. Kapal wau asli saking Syanghai.

Punika kagolong tamu enggal.

Kamajêngan P.K.N. Pakempalan P.K.N. ing Ngayogya ingkang namung sarana urunan sabenggol, ing sapunika sampun gadhah arta f 30.000, gadhah mêsin panggilingan pantun, tuwin kathah kamajêngan sanès-saanèsipun ingkang sarwa mikantuki.

Dados nyata, rukun punika adamêl santosa.

Sade nama. Dèrèng dangu ing Kajawèn ngêwrat pawartos bab dhukun ing Procot, tiyang ingkang jêjampi ngantos ewon. Ing sapunika wontên bangsa Tionghoa ing dhusun Karangsuwung (Cirêbon) ngakên dados plawanganipun dhukun wau, sintên ingkang badhe nêdha jêjampi cêkap mriku, kanthi ambayar 5 sèn.

Caraning padhukunan punika wontên-wontên kemawon. Tiyang ingkang nglampahi botên ngawontênakên kamelikan, jêbul tiyang sanès wontên ingkang ngangge kudhung. Samantên mêlasasihing jaman.

Indhakan pajêg lêbêting barang. Wontên pawartos, kintên-kintên benjing tumapakipun wulan ngajêng punika tatanan bab indhaking pajêg lêbêting barang katindakakên. Indhaking pajêg wau 50%.

Bab punika manawi saèstu tumindak, rêgining têtumbasan têmtunipun inggih badhe tut wingking tumut mindhak. Inggih kadospundi malih.

Pantun mèh tanpa rêgi. Ing laladan Bandawasa nuju mangsa panèn, kathah tiyang nyadèni pantunipun dhatêng kitha. Sanadyan pantun wau dipun sade mirah, mêksa botên pajêng, sami dipun bêkta wangsul.

Manawi nitik kêwontênanipunkawontênanipun. sanajan bab punika nuwuhakên sêsambat, nanging nama botên ngêrês-êrêsi. Ewadene ugi prayogi dados panggalihanipun ingkang wajib.

Kalawarti enggal. Ing wulan punika ing Kêdiri wontên kalawarti enggal nama "Panyuluh", minangka papan ajanging têtiyang ing Gemeente Kêdiri. Malih ing Garut ugi wontên kalawarti enggal nama "Pena Istri".

Ngandhapakên karcis. Wiwit wulan punika D.C.S. ngandhapakên karcis antawisipun Têgal-Pêkalongan tuwin Cirêbon-Kadipatèn, sudanipun ngantos 50%.

Punika nocogi kados sudaning rêrêgèn karcis sêpur ing salêbêtipun kitha Bêtawi. Nanging katranganipun sadaya wau taksi pilih-pilih, dèrèng sadaya, kathah têtiyang ingkang gadhah pangajêng-ajêng, ing pundi-pundi ugi kasudakakên.

Samantên kamurkaning tiyang, manawi dipun sukani ati, ngrogoh rêmpêla.

--- 643 ---

Têtiyang ingkang nêdha kawangsulakên saking Mêkah. Wontên pawartos, ing Mêkah wontên têtiyang asli saking tanah ngriki, cacahipun ewon, gadhah panuwun dhatêng Parentah supados kawangsulakên dhatêng ngriki kanthi wradag Nagari. Têtiyang wau anggènipun wontên Mêkah sampun naun. Rumiyin sami angsal pitulungan arta saking sanak sadhèrèk, sarêng sapunika, jamanipun kados makatên, lajêng botên angsal pitulungan malih.

Lêlampahan kacingkrangan wontên ing Mêkah, punika kêrêp pinanggih, mila tumrap ingkang sami nglampahi mugi sampun ngantos tilar pangatos-atos.

H.I.S. Muhammadiyah Baturêtna. Bestuuring sêkolahan Baturêtna, Wanagri,Wanagiri. martosakênnn benjing tanggal 1 Juli badhe ambikak H.I.S. kawiwitan saking klas 1, 2, 3 tuwin 4. Bayaranipun lare 1 f 2.- nanging manawi anggèning nglêbêtakên langkung lare 2, kapetang lare kapisan f 2.- lare ingkang kaping kalih f 1.50 lare katiga tuwin salajêngipun f 1.- ing dalêm sawulan. Ing ngriku ugi nyadhiyani pondhokan, lare 1 sawulanipun f 6.- kêdah kabayar rumiyin, ugi kenging kabayar sarana wulu pamêdal.

Punika satunggiling rekadaya ingkang mikantuki tumraping golongan sadhèrèk padhusunan. Kados saya prayogi malih manawi bayaran ingkang warni wulu pamêdal wau botên kapetang kados rêrêgên mirah. Mênggah pikantukipun, kados pakêmpalan Muhammadiyah botên kêkilapan.

Lindhu agêng ing Mênado. Kala malêm minggu kapêngkêr ing Mênado wontên lindhu agêng. Kathah griya ingkang ambruk tuwin tiyang kasangsaran. Jalaraning lindhu saking krodhaning rêdi Soputan.

Hêm, têka wontên-wontên kemawon.

Têtiyang kasangsaran. Posthuis commandat ing Aloon-aloon lèr, Ngayogya, mêntas kadhatêngan tiyang tilas kuli kontrak jalêr èstri langkung 30, mangangge pating srompal. Tiyang samantên wau sami asrah badan, manawi parentah marêngakên, tinimbang kaantukakên dhatêng dhusunipun, supados kalêbêtakên dhatêng griya pakèrèn kemawon, amargi manawi kaantukakên inggih malah saya sangsara.

Mêmêlas.

Kasiku dening wicantênipun ngangge basa Malayu kalihan Walandi. Ing kalurahan dhusun Bènjèn, Bantul, wontên carik dhusun wicantênan kalihan Walandi pabrik ngangge basa Malayu. Walandi wau botên rêna, lajêng lapur dhatêng wadana Bantul. Pikantuking sêrêgan, carik wau kadakwa abrit.

Lêlampahan kados makatên punika kalêbêt gagrag: jaman pêkak ora enak.

Bank cooperatie wanita. Pangrèh agêng pakêmpalan putri Budi Sêjati ing Surabaya badhe ngadani bank cooperatie, prêlu kangge nulungi lintah dharat.

Nah, ada-ada makatên punika mathuk sayêktos, sabotênipun tiyang istri ingkang ngrigênakên bêtah punika, têmtu langkung prigêl anggènipun rekadaya. Kintên-kintên kathah kasêmbadanipun. Inggih sampun malih ingkang nama ngrigênakên kabêtahan botêna sagêd, tumraping gêgujênganipun, sanadyana minggah rêdi, ngantos ngèngkèk-èngkèk, panggalih cawang-cawang mêksa sagêd tumindak. Samantên punika manawi wontên ingkang purun rêkaos.

Durjana candu ing griya panyadean candu. Griya panyadean candu ing Silayang, sacêlakipun Binjei, dipun bobol ing durjana, durjana sagêd mêndhêt candu rêrêgèn f 2000.-

Limrahipun candu ingkang pêtêng dipun angkah dados candu padhang, nanging punika candu padhang malah dados pêtêng, awit candu ingkang ical wau lajêng nama candu kadurjanan.

Assistent wadana dipun bên kumba kalihan juru sêratipun. Ing dhusun Kêwarasan, Karanganyar, wontên neneman tilas kuli kontrak Dèli langkung sangajêng assistenan, mangangge sêtelan. Ingriku tiyang wau dipun undang dening tuwan assistent wadana lajêng dipun têmpiling, kopyahipun ngantos mêncêlat. Tiyang wau tanganipun têngên gêntos nyêpêng jangganipun tuwan assistent wadana, juru sêratipun nulungi, lajêng cêg dipun cêpêng malih mawi tangan kiwa, wusana dipun bên kumba ngantos kaping 3. Kalih pisan sami botên èngêt ngantos saêjam. Tiyang wau sumbar-sumbar ngakên bajingan Dèli. Sapriki tiyang priyantun kêkalih wau taksih jêjampi wontên griya sakit.

Pakabaran punika manawi nyata, panimbangipun kasumanggakakên.

EROPAH.

[Grafik]

Utusan Siam ing nagari Walandi. Gêgayutanipun praja Siam kalihan Eropa, Amerika tuwin sanès-sanèsipun saya katingal. Inginggil punika gambaripun Pangeran Amoradat Kridakara, utusan Nata Siam wontên ing nagarai Walandi, badhe sowan Sri Baginda Maharaja Putri dhatêng kadaton.

Cacahipun tiyang angguran ing Inggris. Wontênipun tiyang angguran ing Inggris mindhak 85.000. Miturut cathêtan ing wulan April sampun wontên 3 yuta langkung. Sudaning kuli ing pakaryan arêng sela wontên 63.000.

--- 644 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

18.

Ciptanipun Radèn Sumarta badhe rabi, ing sapunika sampun bibrah. Saha lajêng nglêrêsakên ucapipun Nonah Dhorah ing bab botên prayoginipun tiyang jêjodhoan kalihan sanès bôngsa, awit salaminipun kabangsan sanès punika botên sagêd nunggil. Dados dêrênging manah ing kalanipun supe, punika namung badhe manggih piduwung ing têmbe wingking.

Ing sapunika Radèn Sumarta èngêt, botên nêdya rabi kalihan sanès bôngsa. Tabêt solahipun Nonah Dhorah ingkang tansah cumithak wontên ing pandulu, ing sapunika sampun ical babarpisan.

Nanging sanadyan Radèn Sumarta sampun mangrêtos, bilih jêjodhoan kalihan sanès bôngsa punika botên prayogi, ewadene rumaos dèrèng gadhah manah srêg jêjodhoan kalihan bangsanipun piyambak, awit tumraping piyambakipun kamanah dèrèng timbang. Mênggah pangiyasing batos, tumraping bangsanipun, dèrèng wontên ingkang sagêd kêdunungan raos katrêsnan, kasusilan, punapadene ing bab bêbudèn.

Saking kasoking panggagas, Radèn Sumarta ngantos anggaliyêr, kados ngambah alam pasupênan.

Ibunipun Radèn Sumarta sampun kaping kalih anggènipun thothok-thothok lawang, Radèn Sumarta botên mirêng, sarêng kaping tiganipun sawêg mirêng, saha lajêng mangsuli manawi botên malêbêt dhatêng padamêlan, amargi badanipun kirang sakeca.

Sayêktosipun Radèn Sumarta pancèn sakit sayêktos, nanging ibunipun inggih sampun mangrêtos, bilih sakitipun wau gêgayutan kalihan bab tiyang ingkang sampun botên wontên.

Ing salêbêtipun sakit wau, Radèn Ayu Prawira tansah cêcêglik anênggani, dangu-dangu Radèn Sumarta saras, malah lajêng sampun wiwit doyan nêdha.

Radèn Ayu Prawira tansah sabar ing panggalih, ngêntosi sarasipun babarpisan, dene manawi sampun saras, Radèn Ayu Prawira badhe paring pitutur.

Sarêng Radèn Sumarta sampun katingal saras yêktos, satunggiling dintên lênggahan kalihan ibunipun, dipun dangu makatên: Kapriye gèr rasane awakmu.

Wangsulanipun: Namung kantun sirah taksih awrat, bu.

Sukur. Apa kowe ora kapengin apa-apa, Sumarta. Kôndhaa, tak gawèkake.

Botên bu.

Radèn Ayu Prawira kados angsal margi, lajêng ngandika makatên: O, gèr, wong lara iku, sênênge ora kaya yèn diopèni bojone dhewe.

Radèn Sumarta nyawang ibunipun kalihan matur: Punapa ibu sampun bosên ngopèni kula. Manawi makatên kula malêbêt dhatêng griya sakit kemawon.

Sumarta, besuk apa anggonmu gêlêm nampani rêmbugku. Ngêndi ana biyung bosên ngopèni anak lara. Kang tak kandhakake mau rak dudu kasênêngan kang tumrap mênyang awakku, mênyang kowe.

Radèn Sumarta mirêng pangandikanipun ingkang ibu kados makatên punika namung kèndêl kemawon, nanging ing sêmu katingal kados mêmikir, malah sêsulakipun katingal sajak badhe mangsuli, lambenipun ngantos katingal umak-umik. Kawontênan ingkang kados makatên punika ngantos nuwuhakên wêlasipun Radèn Ayu Prawira dhatêng putra. Dene wusananipun, Radèn Sumarta inggih lajêng mangsuli, têmbungipun: Bu, botên kok kula botên badhe rabi, nanging kadospundi manawi pangajêng-ajêng kula botên kasambadan, kula inggih sampun narimah.

Bênêr gèr panêmumu iku, uwong iku bêcik sing nolèh githoke dhewe. Kowe ngèlingana gèr, suwargi bapakmu lan aku iku kalêbu wong kang padha isih nindakake tatacara kuna, dadi iya sênêng yèn duwe anak ambangun miturut mênyang wong tuwa, lan isih ngênggoni adat kalumrahaning bangsane, ora pantês ingatasing wong lanang ngarah golèk êsihing wong wedok, bisaa kang tumindak sapadha-padha, tinêmune malah luwih utama yèn wong lanang dimelikake wong wedok.

Punika rak caranipun tiyang jalêr ingkang namung badhe ngarah mênang-mênangan. Tamtunipun ibu bingah ing panggalih manawi kula dipun melikakên ing tiyang èstri. Sintên kemawon ingkang sampun nakèkakên dhatêng kula, bu.

Gunêmmu iku mung nêdya arêp ambalondrongake. Rak wis lumrah ta gèr, wong tuwa iku awatak dhêmên anggunggung anake, awit sakabèhing rêkasane wong tuwa, iya mung ditanjakake mênyang anake, anggone biyung ngurang-ngurangi mangan, saha mrihatinake, supaya anake bisa mangan, anggone labuh ora nyandhang, saka kapengin nyandhangi anake, kaya mangkono sapanunggalane, dene ing batine, ora kêndhat mung nênuwun mênyang Pangeran, supaya anake sêgêr kuwarasan lan kapenaka uripe. (Badhe kasambêtan)

--- 77 ---

Nomêr 20, taun III

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu

Tinêmuning Wêkêl

Candhake Kajawèn nomêr 39

bang sri gadhing cêdhak jamban / puring-puring urud dalan / suruh kuning nèng wit jaran / ngundhakke srining polatan //

sawuse bage-binage / aku kabèh age-age / munggah mapan dhewe-dhewe / aku sèndhèn lenge-lenge //

pak kaji ngucap sumanak / ya, iki sudhunge bapak / lèhe lênggah sing kêpenak / ora usah rikuh, lo, nak //

wong wis tuwa iya nrima / neka-neka gawe apa / tak critani rungokna, ya / nanging tèhe diunjuk ta //

iki lo, nak, pacitane / sing rahap nèng gone pakne / dicipi le masak bune / iki gêdhang nandur dhewe //

ayo ta, tèhe disambi / aja galih rugi-rugi / wajike kuwi dicipi / ora susah nolih buri //

sawusira gorokane dèn têlêsi / sigarète sing wis suwe tanpa gêni / diuripi, sinêrot awola-wali / trus pak kaji / sarwi mèsêm asêsanti //

uwis, ya, nak, aku tak wiwit andhalang / bokmanawa, nyudakke tyas mêlang-mêlang / wit samangkge polahing wong salang-tunjang / ora gape mring pituturing wong gêrang //

bênêr gêrang, ananging gêranging wungkal / pacul pecok, rak wis akèh sing diuntal / nadyan ana tangèh sing sabantal-bantal / mêsthi dhadhal, tan sun undur ing sacêngkal. //

dhèk biyène wiwit aku cikal bakal / pawitane mung manut lêpasing akal / sun kanthèni talatèn miwah tawêkal / lawan pasrah mring dat kang datanpa bakal //

iki biyèn wujud alas rungkud kêtêl / durung ana wite jambu miwah kêpêl / lan ibune, sun babad tan ngetang kêsêl / kang katênggêl, ambruk, bruk, sun têngkêl-têngkêl. [têngkêl-...]

--- 78 ---

[...têngkêl.]

Lêlakon Têmênan

[Grafik]

Nyonyah Lindbergh

Bocah-bocah, dhèk dina Sabtu kang kêpungkur, ing taman bocah mratelakake ilange putrane Tuwan Lindbergh ing Amerika. Ing saiki ayake kowe padha bisa nêpakake kapriye rasaning atine biyung kelangan anak, athik dhasar anake durung ngumur.

Dicaritakake, jare barêng bocah mau ilang, ing dalême Tuwan Lindbergh banjur rêja dadakan, akèh para juru kabar sing padha takon pawarta bab kaanane ing kono, oto pating sliri lunga têka. Kajaba kuwi isih ana wong-wong sing ambiyantu anggolèki, ana sing mung têtulung lugu, ana sing ngalap opah. Cêkake wartane wis ngêbaki jagad. Lan seje dina ana warta warna-warna, ngandhakake yèn bocah sing ilang mau wis ana ing nagara liya, nganti nuwuhake gledhahing saênggon-ênggon.

Barêng wis katog, bocah mau jêbul tinêmu mati ana sacêdhaking dalême Tuwan Lindbergh. Mungguhing pangira ora liya iya mung saka panggawene wong ala.

Dhuh, samono sangsaraning biyung kang kelangan anak, sajrone atine susah tanpa olèh panglipur, wêkasane anake malah tinêmu wis mati.

Bocah-bocah, kowe padha ngrêksaa kasênêngane biyungmu, èlingana yèn biyungmu trêsna têmênan mênyang kowe.

[Grafik]

Gêdhong dalême tuwan Lindbergh.

--- 79 ---

Gugon Tuhon

Desa Dhadhapan iku ngongkang kali Opak. Samôngsa kali mau banjir, banyune munggah ing dharatan, ngêlêbi omah, gawe prihatine wong ing kono. Lumrahe bocah-bocah padha sênêng-sênêng, ana kang praon, adhang-adhang barang kèli, sawênèh tawu iwak ana ing blumbang.

Anuju sawijining dina, pinuju mangkono, Saripin dadi golèkane wong akèh. Apa sababe. Lungane wiwit byar, nganti awan ora mulih. Kônca-kancane ora ana kang sumurup. Wong tuwane padha gêmês, awit wis bola-bali Saripin mangkono iku.

Kira-kira mangsane wong mangan, Saripin mulih kudhung gombal sasuwèk karo nyangking sandhatan wadêr siji. Laku mêndhêk-mêndhêk anjujug ing èmpèr ngarêp. Wong tuwane lan sadulur-sadulure pinuju ana ing kono, nanging padha ora anggape marang Sapirin.Saripin. Batine Saripin: Coba, padha dak bedane wong iki, môngsa padha wêruha aku ora. Dondomane bakyune dijupuk. Ladinge êmbokne kang lagi bae disèlèhake, diumpêtake. Wong-wong padha opyak, ayake disingkirake ing dhêmit. Saripin gumuyu kêkêl, arêdharêp. nyoba sapisan êngkas. Slêpène bapakne kang diadhêp arêp disêlêr rokoke. Bapakne ora sabar, tangane Saripin dinyunyuk ing upêt, kudhunge gombalan dibuwang, calathune: Hèh, bocah busuk, yagene kowe kudhung gombal rêgêd mangkono.

Saripin wis kamanungsan, kêpêksa nyaritakake lêlakone marang bapakne anggone nylimpêt tawu iwak karo Si Sadur. Bocah loro olèh iwak têlu. Sarèhne gèncèl, Saripin diwènèhi siji, Sadur dhewe loro. Saripin ora trima, awit janjine paron. Sadur nêmu akal, Saripin dikudhungi gombalan anggone nêmu sacêdhake kono dikandhani: yèn popok wewe, kêna kanggo ngilang, wong-wong ora bakal wêruh samôngsa Saripin kudhungan iku. Panjurung.

[Grafik]

Sisih iki gambar asu linggih, anjèjèri tumpukan pènêng asu. Dadi saupama asu-asu padha ora dipajêgi, tumpukaning pènêng ana samono.

Iba sapira dhuwuring dhuwite bocah jajan, yèn dikalumpukake.

--- 80 ---

Trêsna Bapa

Sambungane Kajawèn nomêr 39

[Asmaradana]

kocapa ing kono kuwi / ana sing jumênêng nata / ala bangêt pambêkane / dhêmên agêndhak sikara / uripe sasat setan / dhasar pancèn juru nêluh / tegan têgêl tanpa kira //

dadi gurune sang putri / mêmulang panggawe ala / ing antara ora suwe / ratu setan siniwaka / nuli sang putri sowan / sang prabu andangu gugup / êlo sira ana apa //

dene têka bêngi-bêngi / wis sira nuli matura / putri nuli matur alon: / inggih sowan kula rama / badhe ngaturi priksa / mangke wontên tiyang bagus / anglêbêti sayêmbara //

katingal têtêgan ati / dhatêng tiyang botên ulap / kula kalangkung kuwatos / mila mugi kaparênga / maringi cêcangkriman / ingkang kintên damêl bingung / kawula namung sumôngga //

sang aprabu anyêkikik / diwori karo ngandika / ihik kang mangkono kuwe / aku ora bakal samar / nadyan ngakua tatag / ing kiraku ora wurung / gêmbunge bakal pisahan //

nini sira sun kandhani / sesuk wonge cangkrimana / kon mêthèk batinmu bae / dene sira ambatina / marang sangsanganira / sesuk yèn têtela luput / wonge banjur patènana //

matur sandika sang putri / nuli mundur karo nyêmbah / bali mênyang kadhatone / kocapa Jaka Kawasa / saparan ora pisah / ora ana wong sing wêruh / mung tut buri putri nata //

sang putri tansah dikinthil / barêng wis têkan ing jaba / banjur bablas mabur bae / Jaka Kawasa ya bablas / mabur nèng buri cêdhak / sang putri banjur digêbug / nganti kêwêtu sêsambat //

adhuh-adhuh apa kiyi / ora nywara ora rupa / dene krasa kaya ngene / sang putri enggal-enggalan / ing abure disêngka / wusana sang putri mlêbu / nyang kadhaton kaya ilang //

Jaka Kwasa enggal bali / satêkane gone Wêlas / Wêlas isih sênggor-sênggor / wayahe uwis êmèh byar / Wêlas nuli digugah / tangi-tangi wis mèh esuk / ayo dang tata-tataa //

gus Wêlas garegah tangi / karo ngucêk-ucêk mripat / Kawasa takon mangkene: / mau kowe ngimpi apa / dene turu kapenak / mèh byar isih sênggur-sênggur / wis kana enggal adusa //

apa kowe lali janji / yèn bakal mêthèk cangkriman / Wêlas mangsuli mangkene: / iya aku mèh kalepyan / mêngko aku tak dandan / ing sawise dandan rampung / Wêlas banjur arêp budhal //

Jaka Kawasa ngêsêti / sêt mandhêga: ta, tak kôndha / mungguhing bab cangkrimane / kowe mêngko ngaranana / yèn sang putri anggagas / mênyang sangsangane iku / wis gêlis nuli mangkata //

sakala Wêlas mandêlik / sajake kaya anggagas / wusana amangsuli alon /Lebih satu suku kata: wusana mangsuli alon.

iya tak èstokne kakang / aku pangèstonana / Wêlas banjur mangkat sêmprung / gagasane rêruncungan // Bakal disambung.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka: 42, 18 Sura, Dal 1863, 25 Mèi 1932, Taun VII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm: tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Padhanging Dalu

[Grafik]

Sasampunipun sêrap srêngenge, dilah elêktris sagêd gumantos amadhangi ril-ril sêpur ingkang badhe anjog dumugi ing sêtatsiun.

--- 646 ---

Hakipun Pangarang ing Kalangan Kasusastran Jawi

Ing tanah Eropah utawi ing nagari-nagari ingkang sampun wontên tatananipun praja ingkang sae, pêngarang sêrat-sêrat punika angsal pangayoman saking nagari. Pangayoman wau yèn tumrap nagari Walandi tuwin jajahanipun sampun kapacak wontên ing Auteurswet 1912, têrangipun mirsanana polêk almênak 1929, kaca: 217 salajêngipun. Auteurswet 1912 punika sawatawis wontên ewah-ewahanipun ingkang sampun kapacak wontên ing Staatsblad 1931 nomêr 323.

Mila makatên ing buku-buku cap-capan wêdalan Bale Pustaka utawi wêdalan pangêcapan sanèsipun, punika ing kaca ngajêngan kala-kala mawi kapratelakakên makatên: wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing Staatsblad 1912 nomêr 600. Ungêl-ungêlan punika pikajêngipun angèngêtakên dhatêng para pangarang sanèsipun, supados sampun sakajêng-kajêngipun kemawon mêthiki utawi nukili isinipun sarta suraosipun, kêdah alitipun mawi kapratelakakên, agêngipun nêdha palilahipun ingkang ngarang.

Pangayoman pangarang kados ingkang sampun katêtêpakên ing pranatan punika sampun mungguh lan prayogi sangêt, inggih punika ingkang kawastanan tatanan sae.

Kawuningana, sarêng sapunika sampun sawatawis kathah waosan kula buku-buku Jawi, rumaos kula, tatanan kados ing nginggil punika sêmunipun para pangarang sêrat Jawi dèrèng patos anggatosakên. Nyatanipun:

1. Kula kêrêp mêthuki sêrat ingkang isinipun mèh plêk kemawon kalihan sêrat ingkang langkung sêpuh. Nanging sêrat têdhakan utawi pêthikan wau botên mawi katêrangan punapa-punapa, kapara dipun akêni piyambak, supados para maos sami ngintên bilih punika karanganipun piyambak. Tindak ingkang makatên wau saèstu kirang prayogi. Manawi miturut pêpacaking Auteurswet tiyang wau yèn wontên botên trimahipun ingkang anggadhahi hak, wênang dipun sêrêgakên.

2. Wontên malih ingkang kosokwangsul kalihan ing nginggil wau, inggih punika yèn wontên pangarang ingkang ngêdalakên buku mawi kapratelakakên bilih karangan punika damêlanipun êmpu utawi pujôngga ing jaman taun samantên, namanipun: anu. Môngka satêmênipun karangan wau damêlanipun pangarang punika piyambak, sarta êmpu utawi pujôngga anu punika yêktosipun botên wontên.

3. Wontên malih pangarang ingkang ngêdalakên sêrat karanganipun piyambak, nanging dipun akênakên karanganipun salah satunggiling pujôngga ing jaman sawatawis kina ingkang namanipun sampun misuwur.

Tindakipun pêngarang buku tigang warni kados ing nginggil punika mêsthi wontên sababipun. Ingkang ôngka: 1. supados pangarang wau dipun alêma ing ngakathah, dipun wastanana mêngku ngèlmi èdi lan pèni. Ingkang ôngka: 2 tuwin 3 supados bukunipun pajêng.

Tindak tigang warni wau nama tindak kaculikan, ing têmbe wingking sampun tamtu konangan, têmahan ngantoS [nganto...]

--- 647 ---

[...S] sapêjahipun pangarang wau namanipun tansah botên sae.

Cara ingkang sae bab ngarang buku punika ingkang sampun gumêlar ing samangke kados tatananipun para sagêd yèn ngrêmbag bab kawruh. Liripun: yèn angsal pamanggih saking sanès punika kapratelakakên, punapadene manawi mêthik saking satunggiling sêrat, kêdah mawi pratelan. Punika lajêng nama sukci, têmahan dipun aosi ingkang sami maos karanganipun. Wondene lêrês lêpating pamanggihipun piyambak punika têtanggêlanipun piyambak. Nanging pangarang wau salaminipun badhe taksih dipun aosi, jalaran saking tindakipun ngarang punika ngêblak lan suci.

Ngarang sêrat mawi lampah kirang prayogi kados kasêbut ing nginggil punika wau badhe nampêg dhatêng namanipun piyambak, têgêsipun: lajêng badhe katitik ing ngakathah, bilih bêbudènipun kirang têmên.

Kajawi punika ing pawingkinganipun damêl pêtêng dhatêng pangudining kasusastran.

Wondene sêrat-sêrat ingkang sampun kula waos ingkang kirang tulèn wau, botên prêlu kula pratelakakên, amargi ciptaning manah kula namung sumêdya ngèngêtakên (elik-elik) saking katêbihan.

S. Sastrasuwignya.

[Grafik]

Kala taun kêpêngkêr, pasinaonipun para ibu (moeder-cursus) ingkang dipun adani Volks Universiteit ngêdalakên murid tamat pasinaonipun, gambaripun malah sampun kaêmot ing Kajawèn. Pasinaon wau lajêng dipun pasrahakên Pakêmpalan Wanita Utama pang Surakarta. Bêbadra nampèni murid enggal, gurunipun taksih lêstantun Mas Ngabèi Yasawidagda, pangagêng intêrnat apsara. Wulanganipun bab panggulawênthahing lare wiwit lair dumugi mlêbêt sakolah. Ing nginggil punika gambaripun para murid ingkang tamat ing wulan punika, dalah gurunipun saha pangrèh Wanita Utama.

--- 648 ---

Kawruh Padhalangan

Ringkêsaning kawruh padhalangan ringgit purwa ing Surakarta

Sambêtipun Kajawèn nomêr 38

Wa: Ucap-ucapan Arjuna

Sintên kêkasihe satriya panêngah Pandhawa: Radèn Arjuna, iya Rêju, Palguna, Jisnuh, Kirithi, Swetawahana, Bibatsu, Wijaya, Sawyasaci, Dananjaya, Parta, Pamade. Radèn Arjuna sayêkti satriya adi utama, trah kusuma rêmbêsing madu wijiling amaratapa, trahing andanawarih. Sulistyaning warna tanpa sasama, tur sajati dityadibya. sakti wirutama mumpuni ing kawijayan. Prasasat datan ana titahing madyapada kang ngimbangi kawijayane. Nanging adoh budi sêsongaran. Pranyata satriya bagus ora lèmèrên, sakti ora mêrang bau, malah ing panggalih matêng ing kautaman. Ambêg pinusthika upama kadi mênyan kobar susilaning solah, luwêsing parikrama, wiragane wus matuh dadi dhêdhasar pratela yèn ngandika sarwa aris manis manuhara a[...]Naskah rusak (dan di tempat lain). yarsa. Sanadyan duka nanging tansah linu-[...] bda mardawa.

Wus kajuwara Radèn Arjuna [...] lananging jagat, sanadyan para widadari [...] yun èsmu kasmaran.

Radèn Arjuna dhasar satriya tama wasis waskitha ing wèsthi, êmpan mapan mumpuni sagunging pangawikan. Têlênging samodra kêna jinajagan, yèn panggalihe Radèn Arjuna lêbêt wiyar tanpa watêsan. Satriya andhap asor tanduke, nanging luhur bêbudène, adoh marang kanisthan, kang dèn èsthi mung rahayuning jagat. Sanyata dadi pangayoman, pêpayunging para rahayu budi.

La: Ucap-ucapan Setragôndamayu

[Grafik]

Bathari Durga

Ing kahyangan Setragôndamayu iya Kandhawawana, kahyangane Sang Hyang Bathari Durga, iya Bagawan Bagawati. Kahyangan Setragôndamayu dahat gawat kaliwat-liwat. Têtêlênge aran sumur cinèt, ana ringin putih jèjèr pitu. Ing kono tansah sidhêm pramanêm singup asintru nyênyêt datan ana sabawa, sanadyan angin ora ana kumrisik. Sayêkti sato mara sato mati, jalma mara [ma...]

--- 649 ---

[...ra] padha sirna sanalika. Amung para sudira brata kang wantala ing godha rêridhu, iku kang bisa ngambah têlênging Setragôndamayu.

Saantaraning Setragôndamayu akèh swarane bajo barat, jim pêri prayangan, setan mêmêdi sapanunggalane. Wewe ilu-ilu banaspati, wêdhon jrangkong êndhas glundhungan ôngga-inggi, lengkrah lidrah gêmbung buja pukang tangan thok angawe-awe. Sarupaning brakasakan sami jêjogedan pating karêngkap pating karogèl, wênèh pating gadêbug aniba-niba, wênèh mènèk iyun-iyunan pang. Kêmamang pating prêngangah, kêblak kalinthuh, klunthung waluh pulanggana pulangsari sundêl bolong sami paklumpukan, wênèh sindhèn sêsêndhonan alantik-lantik. Sarta ana tangis anggêyêng, biyung tulung amêlung, wênèh bêngok pating jalêrit. Tuwin gônda wangi angambar-ambar, sarta gônda apêk apênguk, arus amis bangêr, sarta swara klêsik-klêsik abêbisikan.

Sakalangkung anggêgirisi datan ana janma wani ngambah. Yèn ana wong katarima ngambah têlênging Setragôndamayu, banjur byar katon kadhaton kumêndhung-kêndhung sarwa araras, rinêngga teja kêkuwung sarta sêsotya môncawarna, nanging manawa ora katrima amung katon alas galêdhêgan grêng pêtêng lindhuk angêndhanu.

Badhe kasambêtan

Tanah Dalah Têtiyangipun

Kawontênan ing Bopên Dhigul

Sambêtipun Kajawèn nomêr 41

Kajawi mlincur ugi wontên ingkang panyambutdamêlipun wêkdal nyambutdamêl sêsarêngan pados kabêtahanipun, upaminipun anglokop kalikaning kajêng utawi anyigar-nyigar uwit nibung têrus karêsikan pisan prêlu kangge anggêdhègi griya saha sanès-sanèsipun ingkang botên gêgayutan anyambutdamêl sêsarêngan. Golonganing têtiyang bucalan ingkang ambabad umum punika ugi wontên pangrèhipun kados pakêmpalan sanès-sanèsipun.

Sarêng para pangrèh ing golongan punika sumêrêp kawontênaning têtiyang anyambutdamêl kados ingkang kasêbut ing nginggil lajêng ngawontênakên ada-ada enggal. Sarèhning ing wêkdal punika kathah sangêt tiyang ingkang bêtah gêdhegan, wontên ingkang pados piyambak utawi tumbas.

Ing sarèhning ingkang sami tumbas gêdhèg punika kathah, amila uwit ingkang kenging kapêndhêt, klikanipun saha nibung botên kenging kapêndhêt kangge piyambakan, kêdah kapêndhêt kakêmpalakên dados gadhahanipun têtiyang sagolongan.

Wana ingkang dados pabeyaning golongan punika, ing pundi ingkang sakintên asring kaambah ing tiyang kasukanan sêrat undhang-undhang, tiyang botên kenging mêndhêt nibung saha klikaning kajêng.

Ing wêkdal punika anggènipun ambabad têtiyang ing

--- 650 ---

golongan punika botên namung mligi ambabad wana kangge patêgilan, ananging wontên ingkang kapatah maligi pados nibung saha klikaning kajêng. Ingkang kapatah dados golongan punika, têtiyang ingkang ahli pados nibung saha klikaning kajêng.

Dunungipun wana ingkang kangge patêgilanipun têtiyang bucalan ing golongan punika antawisipun kampung A saha kampung D. Ing sarèhning panjênênganipun tuwan Monso prêlu ngagêm kampung antawising kampung kalih punika kangge papan padununganipun têtiyang bucalan ingkang nêmbe dhatêng, mila sabagean saking patêgilanipun golongan punika katut kangge pakawisanipun têtiyang bucalan ingkang nêmbe dhatêng.

Panjênênganipun Tuwan Monso inggih sampun amanggalih ugi, bilih patêgilan ingkang katut kangge pakawisan punika adamêl kapitunanipun golongan punika, mila panjênênganipun amaringi pituwas sapantêsipun.

Ing golongan punika caranipun nata pakêmpalan botên mawi angaturi priksa ing panjênênganipun Tuwan Monso. Kawontênan makatên punika inggih botên dados rênguning panggalihipun, awit saking pamanggihing panjênênganipun waton botên wontên pasulayan kemawon.

Têtiyang bucalan sawatawis, ingkang sami tumut ing golongan punika, ingkang kirang wiyar wawasanipun, saha ngrumaosi tatanan ingkang kawontênakên dening golonganipun punika sae piyambak, dados sok tiyanga botên purun tumut golonganipun ingkang gêthing. Ingkang suwaunipun pasadhèrèkanipun rumakêt sangêt, sarêng botên purun tumut ing golonganipun lajêng dados kadosdene mêngsah.

Têtiyang bucalan ingkang anggadhahi manah ingkang kados makatên punika, ing lairipun purun angrujuki ambabad wana kangge patêgilan, ananging ing batosipun angrujuki dhatêng golonganing têtiyang bucalan ingkang botên purun ambabad wana kangge pagitêlan.patêgilan.

Tiyang anggadhahi watak ingkang kados makatên punika, botên namung ing batos kemawon, ananging nêdya mitênah dhatêng têtiyang bucalan ingkang caranipun nyambutdamêl nyuwun palilah saking panjênênganipun Tuwan Monso.

Panjênênganipun Tuwan Monso sarêng wontên sawênèhing golonganing tiyang bucalan ingkang badhe mitênah dhatêng têtiyang bucalan ingkang panyambutdamêlipun nyuwun palilah, lajêng angudi nyumêrêpi ingkang dados pangajêng wau, sarêng sampun kawuningan inggih lajêng kasingkirakên, amrih sampun ngantos wontên pasulayan.

Badhe kasambêtan.

Aris Munandar.

Nglêrêsakên Kalêpatan

Kajawèn ôngka 40 wêdalan 18 Mèi 1932 karangan gêndhing ladrang Dhacêklik: kaca 614

[Grafik]

Sungaji

--- 651 ---

Bab Tatacara

Pasah utawi pangur

Pasah utawi pangur punika ing kalangan Jawi ewonipun tatacara, têksih kathah ingkang nglastantunakên, pramila ingkang purun nilar, sok lajêng dipun saruwe, têgêsipun cinatur ingkang botên nyakecakakên dhatêng pamirêng.

[Grafik]

Tatacaranipun pangur tiyang Batak, Sumatra.

Bab wau ingkang têksih ragi dipun utamèkakên tumrap ing golongan kênya, cêkakipun kenging kangge titikan, saugi kênya ingkang dèrèng pangur tôndha têksih prawan grès, ananging punika ing kala rumiyin, ing sapunika sampun ewah, têgêsipun sampun botên makatên. Kayêktosanipun ing sapunika kathah para kênya sampun nilar, sampun têmtu ingkang golongan kaum mudha. Mênggah saking pamirêng kula, wontên ingkang blaka suta, tiru bôngsa kilenan, ananging ugi wontên ingkang pawadan prêlu dhatêng kasarasaning badan. Kalih-kalihipun sami lêrêsipun, ananging jawaban ingkang kantun sèlèhipun sakeca.

Nyariyosakên ingkang lèrèg dhatêng kasarasan. Sanjangipun: pangur punika untu dipun papaki, dipun gosok tuwin sasaminipun, punika kirang prêlu, awit untu kêdah wêtah, supadoS [supado...]

--- 652 ---

[...S] nyêkapi kangge mamah têtêdhan. Manawi dipun pugut têmtu kirang sampurna, pramila pinanggihipun adamêl sêsakiting untu, lajêng malih, ingkang baku kaduk kabêsusanipun, têtela sakitipun dipun bêtah-bêtahakên, sabab pangêthokipun wontên ingkang papak gusi ngantos katingal campuritipun, tuwin wontên modhèl dinamêl wiji timun utawi sapanunggilapun,sapanunggilanipun. punika sisip sêmbiripun untu lajêng risak, pramila botên nama lôngka kathah para neneman ompong, punika namung sinababakên saking pangur. Tujunipun kathah tukang gigi, nyopakipun baut, sagêd damêl gigi palsu, malah prayantun sêpuh kathah ingkang mêling, ewadene têmtu botên mitadosi, dados kirang kasarasan, tuwin malih ugi lajêng ngambah ing lampah kaborosan, ingkang tundonipun adamêl ringkihing gêsangipun.

Ingkang têksih nglênggahi tatacara pangur, nanging prasaja, namung mêndhêt madya, pancèn mêwahi manising sêmu. Kathah-kathahipun lambe lajêng nyincing utawi sanès-sanèsipun, cêkakipun baku ngrêsêpakên. Pramila ingkang têksih nglênggahi, pinanggihipun baku rêmên busana (kabêsusan) panguripun botên tarimah kaping 2, kaping 3, absahipun kêdah dipun jangkêpi ambal kaping 7. Punika inggih kala rumiyin, pramila ing sabên usumipun pangur, limrahipun ing salêbêtipun wulan Siyam, tukang pangur andalidir idêr ing pakampungan utawi ing padhusunan. Manawi dintên pêkênan Lêgi (Manis) asring rêbatan, têgêsipun sami ambêtahakên, punika murih kadurusan manisipun. Kintên kula bab punika inggih gugon tuhon. Kenging winastan kêkiyasan, punika ing kalangan Jawi baku ngumbruk-umbruk ngantos adamêl kodhêng, têgêsipun: kaya iya-iyaa.

Wosing atur, sangêt jumurung dhatêng ingkang nilar, ewadene kula inggih botên pisan-pisan gadhah manah ingkang suraosipun nyapèlèkakên dhatêng ingkang têksih sami nglênggahi tatacara wau, awit ngrika-ngriki sami anggadhahi wêwaton piyambak-piyambak, ananging kula gadhah panênuwun supados manah dhatêng pangirid, liripun botên prêlu nukangakên dhatêng tukang gigi kados ingkang kula prangguli ing samangke, awit punika nama mêjahi têdhanipun tukang pangur bôngsa piyambak, ing môngka garapanipun inggih sae. Dene asring cinacad kirang kasagêdan, groboh panggarap utawi sanès-sanèsipun, harak lêpatipun piyambak, margi botên patos kamurwat bêrahanipun.

Kantun nyariyosakên ingkang têksih kêkah nglênggahi tatacara pangur, punika gêgayutan kalih prakawis, mênggahing pamanggih:

Ha. Kabêsusan, atêgês angrêngga ing busana, punika sae, jalaran sadaya-sadaya prêlu dipun busanani, pamurihipun sampun dados karêmanipun tiyang gêsang, pakangsalipun angrêsêpakên manah. Mênggah aluranipun pangur wau cêtha saking tiyang dhasar bêsus, ananging untunipun ambokmanawi gingsul utawi pating jrêpat, kêpenginipun sae lajêng dipun papar, dipun kêthok utawi sasaminipun, inggih pangur wau. Rèhning sampun jamak limrah tiyang punika êmoh kèri marang sapadha-padha, nadyan namung ngêthok untu inggih mêksa dipun tiru, ingkang wêkasanipun kathah ingkang tiru-tiru ngantos lajêng winastaN [winasta...]

--- 653 ---

[...N] limrah, lan saking pakulinan dados ngalih: tatacara, pramila ewahipun mênggahing sajatosipun inggih kenging kemawon.

Na. Piandêl, kojahing ngakathah andhèrèk sarengat nabi panutan Sallalaihi Wassalam. Kojah cinêkak duk rikala pêrang Lahat, makatên pamirêng kula, Sang Panutan binujêng-bujêng ing mêngsah mawi kinrutugan sela, punika ngengingi wajanipun ngantos rampal, ewadene Sang Panutan têka malah mindhak manis (kojahipun para sakabat) pramila saking rukunipun sakabat lajêng katêtêpakên kawulanipun kêdah pangur, kajawi sampun têtela dados manising sêmu, inggih sisan damêl amèngêti Sang Panutan, pramila wontên ing wulan Sawal utamining pangur wau, margining wulan wau tatkala Sang Panutan luwar saking papa cintraka wontên ing salêbêting guwa 30 dintên laminipun, ingkang wêkasanipun dados rukuning Islam puwasa ing wulan Ramlan 30 dintên laminipun punika. Ewadene sagêd ugi namung kangge ngajrih-ajrihi lare pangur, sabab rumiyin punika lare èstri têksih alit sangêt asring dipun imah-imahakên, môngka kêdah pangur, yèn dipun ajrih-ajrihi dongèng wau lajêng ambangun turut, kados makatên pamanggih kula.

Sumadi

(Pangarasan)

Konggrès Pakêmpalan Muhammadiyah Ingkang Kaping XXI ing Makasar.

[Grafik]

Kados ingkang sampun umum kawartosakên, Pakêmpalan Muhamadiyah kalampahan sampun adamêl konggrès wontên ing Makasar, ingkang andhatêngi sakalangkung kathah. Ing nginggil punika gambaripun konggrès wau, ing wanci dalu sangajênging papan konggrès, rinêngga-rêngga ing dilah sakalangkung padhang, 2 up bêstir Muhamadiyah mandhap saking kapal. 3 Papan konggrès, tuwin 4 para tamu ingkang badhe anjênêngi kaarak dhatêng pamondhokan.

--- 654 ---

Panglipur Manah

Wêdharing panglocita

[Gambuh]

kapêksa nêmbang gambuh / rangu-rangu jroning nala limut / ngantarani kumukus kêkêsing ati / nitir kêkêtêg kumêdud / puntu antaraning batos //

rasane tinalusur / dèn sak-asik mêksa tan kapangguh / masalahing lêlakon paran kang dadi / pangamuking kalabêndu / bèbèr sadonya sru gênjot //

ilang dayaning manus / wiryawaning nala wus kalimput / yayah kadi yun kinukud de Hyang Widhi / sayêkti akarya linglung / puput pêpêt jroning batos //

trajanging paman dhusun / ing wawasan karya srêping kalbu / kampitèng tyas wêkêl pangolahing siti / pungkasane pan jinurung / kêbak lumbunge tan mrojol //

bontosing para jamhur / mahanani prajane misuwur / gêgolongan gumêlêng mangulir budi / langgar-linanggar ambêsut / kotamanira mrih jêmpol //

nglaju dêrênging kalbu / mrih katêkan kang sinêdyèng kayun / mèt sarana nyampêti sukaning kapti / puwara uga jinurung / tan ana kuciwèng batos //

pan kongsi bisa mabur / nèng awiyat lir paksi janthayu / wignya silêm nèng têlênging jalanidhi / kawasa nèng jroning ranu / kadya hyang baruna yêktos //

pambudine tanpa wus / mrih sampurna kawruhe pinunjul / wus katêkan sanggya kang ginayuh dadi / gumêlêng golong kacakup / bangkit miyat kang sarwelok //

sèsine buwana gung / katongton nèng kêliring biyuskup / solah-bawa wus datan anguciwani / malah mangkya kang jumêdhul / bangkit bicara kadya wong //

lan malih kang wus kabul / bangkit mirêng swara saking dradlus / nadyan têbih saking liyaning nagari / tinarik swasana tinut / karêngèng karna cumêplong //

karya eraming kalbu / mring sanggyaning janma kang winêngku / awit durung andungkap mring kawruh rungsit / puwara amung dêdulu / gèdhèg-gèdhèg sarwi jomblong //

rèhning kaduk jinurung / katurutan sakrêntêging kayun / mahanani thukuling jubriya kibir / rumôngsa sarwa pinunjul / lali nêmbah mring Hyang Manon //

dhatênging kalabêndu / gênjot gonjing sabuwana rêtu / angênani sanggyaning kang para janmi / warata kênthonge kusut / tan darbe arta sabenggol //

têmah otêr kalangkung / dhêsêg-dhinêsêg arêbut dhucung / ngil-cinêngil muthakil kang rêbut kasil / tilar kamanungsanipun / ngêndêlkên wani prang popor //

wêwênang yun kinêlun / kinalêkêr ywa na kang marucut / rêbut wani sadonya yun dèn dhêpani / sawênèh kêjêm ambêrung / kongsi wadal jiwaning wong //

sumubing kalabêndu / karya ribêd rubedaning kalbu / angênani gêgolonganing pra abdi / kèh labêt kaleban kumbul / kerut ngaradan cinêngklong //

kasangsaya kalangkung / tanpa dosa kapêksa anjingkrung / sing kataman tindaking daya pangirid / ana sawênèh brêkunung / motong blônja kongsi okol //

tanpa waton saglugud / mung tumindak sasênênging kalbu / kang pinotong blanjane mung kêthip-kêthip / ruwêd jèrènganing butuh / narima [na...]

--- 655 ---

[...rima] pêrute kroncong //

kèh samya sambat ngadhuh / kêmbêng-kêmbêng jro netra rawat luh / amêlingi panjriting janma kang sami / oncat pangasilanipun / karônta-rônta ing batos //

yèn winawas wèh trênyuh / sotaning tyas katêtangi limut / mèngêt maring bêbaya kang andhatêngi / lamun tan tumuli antuk / usada kang cêsplêng yêktos //

wus pasthi saya nglantur / dêdukane Hyang Kang Mahaluhur / kadiparan pangudining rèh arjanti / mrih berat berawèng kayun / aywa manggung karya sombong //

nanging anyamut-nyamut / panyirêping budi kang wèh limut / usadane kadohan lamun binudi / dêdalan murih rahayu / aywa na tindak salah ton //

rodra ardaning kalbu / yèn kadurus rêntêng karya rêtu / kadiparan tundon kasidaning dadi / lamun tan antuk panglipur / pangaksamaning Hyang Manon //

mula yogya nênungku / anancêbkên panalangsèng kalbu / amêminta murih arjaning dumadi / rahayuning buwana gung / dêdalan mrih bisa golong //

mangkana ciptèng kalbu / kang manitra jumurung rahayu / amêmuji maring Hyang Kang Mahasukci / mêlêng gyanira pitêkur / têtêp nèng Magêlang kêbon //

titi gupitèng kidung / Ngahad Paing juga tanggalipun / wimbaning lèk Mukaram Dal lagya ngancik / sangkalanira ingetung / tri malarsih ngèsthi katong //

W: Sintên kula

Sarangan, Madiun

[Grafik]

Hotèl Sarangan sacêlakipun Madiun, hawanipun sae saha kathah sêsawangan ingkang nêngsêmakên.

--- 656 ---

Kawruh Sawatawis

Daging

Sambêtipun Kajawèn nomêr 41

Manawi sampun rampung lajêng wiwit dipun priksa dening kirmistêr. Sanadyan nalika kewanipun taksih gêsang sampun katiti dening kirmistêr, nanging daging sarta jêroanipun ugi prêlu katiti malih, jalaran kathah kemawon nalika kewan taksih gêsang botên katingal wontên sêsakitipun, nanging sarêng sampun kapragat jêbul nandhang sakit ingkang ambêbayani tumrap kasarasaning tiyang. Kados ta: dumunung wontên ing asinan (lijmpah klieren) sok wontên bibiting sêsakit ingkang sagêd tumular dhatêng tiyang, ing salêbêting daging sok pinanggih plêmbungan alit-alit ingkang isi winihing cacing, lan sok wontên prongkol-prongkolan ingkang isi nanah, wontên ing jêroan asring pinanggih cacing-cacing, lan sanès-sanèsipun. Kajawi saking punika kirmèstêr ugi kêdah niti, punapa anggènipun angrêsiki daging lan jêroan wau sampun rêsik saèstu. Manawi sampun rampung panitinipun, lajêng dipun dèkèki tôndha sarana cap mawi mangsi ingkang sampun dipun priksa dening ingkang wajib, lan botên ngêmu campuran ingkang botên andadosakên sabab dhatêng kasarasaning tiyang. Dene wangun lan ungêl-ungêlanipun cap wau manut pamarentahipun piyambak-piyambak. Manawi sampun rampung sadaya, daging lan jêroanipun, kajawi babad lan usus, lajêng kalêbêtakên dhatêng kamar daging sarana rodha mawi ril (dados kantun nyurung kemawon), dene babad lan usus rèhning prêlu dipun godhog (dipun alub-alubi) pramila kenging kabêkta mantuk.

Daging dumunung wontên ing kamar wau dangunipun watawis 12 jam, sawêg kenging kapêndhêt, dados kintên-kintên watawis jam 6 enjing ing dintên enjingipun. Ing wêkdal punika dagingipun katingakkatingal. kêsat tur sajak gêmpi, gajihipun katingal pêthak mêmplak utawi jêne gumrining, dagingipun katingal mingir-mingir (menginakên sangêt tumrap têtiyang ingkang ambêtahakên), pambêktanipun saking Abattowar dhatêng pêkên utawi griyaning jagal, kêdah kawadhahan ing pêthi utawi tromol sarta katutup rapêt, prêlunipun supados sampun ngantos kaencokan lalêr uawiutawi. kewan sanèsipun, lan botên kabênteran utawi kêjawahan.

Mênggah beda-bedaning daging namung katitik saking warni wujud, gônda lan raos, kados ta: daging lêmbu ingkang taksih pêdhèt: warninipun abrit ênèm, sêratipun alus, ing sasêla-sêlaning sêrat botên wontên gajihipun, sarta gadhah gônda piyambak ingkang botên sami kalihan daging sanèsipun. Daging lêmbu biri: abrit sêmu bêning, ing sasêlaning sêrat kathah gajihipun. Daging lêmbu sêpuh: abrit sêpuh, sêratipun kasar, mèh tanpa gajih. Daging maesa: abrit sêpuh, langkung sêpuh tinimbang daging lêmbu, sarta sêratipun ugi langkung kasar, nanging warnining gajih langkung nèm tinimbang gajih lêmbu. Daging menda: abrit bêning, sêratipun alus, ing sêla-sêlaning sêrat kathah gajihipun, yèn [yè...]

--- 657 ---

[...n] dipun gônda mambêt menda. Daging kapal: abrit sêpuh sangêt, sêratipun mèh sami kalihan maesa, yèn dipun kèndêlakên sakêdhap kemawon (botên enggal dipun ratêngi) warninipun sampun dados abrit cêmêng sêmu biru, daging ingkang taksih mêntah raosipun lêgi, lan gajihipun jêne kados jênening êmas.

[Grafik]

Cara-caranipun mragat lêmbu ing pajagalan Surabaya.

Mênggah patrap pangolahipun daging punika ingkang sae piyambak kêdah kagodhog ingkang ngantos mumut sarta dipun dèkèki sarêm, utawi dipun cacah ingkang ngantos lêmbat saèstu lajêng dipun ratêngi ingkang ngantos matêng. Mênggah prêlunipun namung minôngka pangatos-atos tumrap panjagining kasarasan badanipun piyambak, awit sakathahing wiji sêsakit ingkang dumunung ing daginging kewan wau, manawi dipun godhog ingkang ngantos umub sangêt lan dipun dèkèki sarêm, punika mêsthi pêjah. Dene ingkang mawi patrap sanèsipun kados ta: kabakar, kagorèng, kaasêp lan sanès-sanèsipun ugi kenging, nanging sadaya wau waton matêng saèstu têrus ing nglêbêt.

Pangèngêt: sanadyan pikantuka mirah rêginipun, mugi sampun sami karsa mundhut daging ingkang botên dipun kir (katitik saking cap) lan daging ingkang sampun lungse. Mênggah titikanipun daging ingkang sampun lungse bedorvenvleesch, warninipun pucêt, yèn dipun mèk sajak plikêt, gandanipun ingkang dèrèng sangêt sêmu lêgi, ingkang sampun sangêt anggônda bangêr. Sagêd andadosakên sabab dhatêng kasarasaning salira.

Wasana tutuping atur manawi wontên kalêpatan sarta kêkiranganipun, mugi ngêgungna samodra pangaksama.

Pun Sukirna.

--- 658 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS

TANAH NGRIKI

Karampunganing prakawis ing Indramayu. Prakawis wadana ing Sindang, assistèn wadana ing Pêmayan tuwin mantri polisi, ing bab nganiaya pasakitan, sampun karampungan wontên ing pangadilan Raad van Justitie ing Bêtawi. Wadana kaukum 3 taun, asistèn wadana 3 taun tuwin mantri pulisi 2½ taun, sami kasuda tahanan.

Dados sampun cêtha ing bab nganiaya pasakitan punika ugi wontên paukumanipun, pancènipun botên prêlu dipun èngêtakên malih, amargi panêrak kados makatên punika têmtu sampun dipun mangêrtosi dening ingkang nindakakên.

Lindhu agêng ing Mênado. Ngambali pawartos cêkakan bab lindu agêng ing Mênado. Tanggal 16 Mèi laladan Mênado tinêmpuh ing lindhu agêng. Ingkang kêtênggêl distrik Minahasa tuwin Bolang Mongondou, griya ingkang ambruk 150, ing Kakas 592, Gorontalo 100, Amurung 60, Tonda 15. Kajawi punika ing Têrnate tuwin taksih wontên sanès-sanèsipun malih. Têtiyang ingkang nandhang tatu ugi kathah. Saênggèn-ênggèn katingal adamêl ngêrêsing manah.

Kasusahan punika mugi tumuntên sirêp.

[Grafik]

Tilas jaksa Sukabumi. Ing bab prakawisipun tilas jaksa Sukabumi, ingkang kadakwa nyalingkuhakên arta, katêtêpakên dening Hooggerechtshof, kaukum 2 taun 6 wulan.

Punika kenging kangge kaca bênggala tumrap sintên kemawon ingkang nindakakên damêl babagan arta.

Prangko darma Leger des Heils. Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana amaringi palilah anggèning pakêmpalan kasêbut nginggil ngangge prangko darma.

Darma makatên punika sanadyan panarikipun botên sapintêna, nanging lumayan.

Pangeran Adipati Bèlgi maratamu dhatêng karaton Ngayogya. Pangeran Adipati Bèlgi nalika mêntas mariksani candhi Prambanan, mampir dhatêng karaton Ngayogya, dangunipun saêjam, kadhèrèkakên tuwan Guprênur.

Paduka Pangeran Adipati punika, katingalipun karênan dhatêng tanah ngriki, dene tansah lêlana wontên ingriki kemawon.

Ngawisi lagu Indonesia Raya. Kawartosakên wontên murid-murid Mulo ing Kotaraja pakêmpalan wontên ing sociteit militèr, mawi nindakakên lêlagon Indonesia Raya, minangka kangge pambuka anggèning ngawontênakên têtingalan kangge golongan angguran. Nanging lajêng dipun awisi dening opsir tuwin commissaris pulisi. Wontênipun kaawisan, awit lagu wau botên kalêbêt ing programma.

Lêlagon ingkang sampun dados ciri, punika anggènipun manggih sabab wontên-wontên kemawon.

Kalawarti enggal malih. Awit saking ada-adanipun Ir. Soekarno, sasampunipun ngêdalakên kalawarti "Indonesia Muda" badhe ngêdalakên kalawartkalawarti. malih, dipun namakakên "Pikiran".

Wontênipun kalawarti saya dangu saya majêng. Kantun ngêntosi pundi ingkang dados panuju kemawon.

Tuwan Soeprijadinata kawêdalakên saking kalangan P.I. Wontên pawartos, tuwan Soeprijadinata, pangarsa P.I. pang ing Bandung têrang saking pangrèh agêng ing Bêtawi, kakèndêlan anggèning dados pangarsa, tuwin kawêdalakên saking kalangan P.I.

E, dalah jagading pakêmpalan kemawon ugi nindakakên pangiritan saha nindakakên ewah-ewahan.

Wêca bab lèpèn Bathang. Miturut pamanggihipun para ahli rêdi latu, lèpèn Bathang samangsa bêna malih badhe sagêd ngrisak ingkang katrajang. Mênggah nalar-nalaripun kapiritakên saking wontêning sela-sela wutahan saking rêdi Mêrapi ingkang taksih wontên inginggil.

Wêca ingkang kados makatên punika sagêd damêl pangatos-atos. Nanging saupami mêlèsèt, inggih botên dados punapa, malah sukur.

Nyuda arta pitulungan. Jalaran jamanipun nuju kados makatên, arta pitulungan Nagari tumrap para sinau bangsa ngriki ingkang wontên nagari Walandi, kasuda 10%.

Punika nama taksih lumayan tinimbang botên angsal babarpisan.

Pakêmpalan P.S.I.I. pêcah-pêcah. Wontên pawartos, pakêmpalan P.S.I.I. ing Garut, sapunika pêcah dados tigang golongan, 1. P.S.I.I. tulèn, 2. Partai Muslimin Indonesia tuwin 3 golongan kolot ingkang nganggêp bilih babagan agami botên prêlu kawontênakên politiek.

Satunggal-satunggaling pamanggih punika têmtu amêngku kajêng sae lan lêrês. Nanging satunggiling pakêmpalan lajêng ada-ada ngawontênakên pamêcah badhe madêg piyambak-piyambak limrahipun lajêng tinêbihan ing bêbasan "Rukun agawe santosa," tuwin botên kêkirangan têtulandanipun.tetuladanipun.

Ngombe racun. Kawartosakên sawênèhing guru èstri bangsa Walandi ing H.B.S. ing Medan tiwas jalaran ngombe racun. Mênggah jalaranipun nyonyah wau anggènipun jêjodhoan botên rukun, kalampahan ingkang jalêr dipun racun ngantos tiwas. Wusana ugi lajêng ngombe racun piyambak.

Têmbung jêjodhoan punika manawi dipun kanthèni botên rukun, sok nuwuhakên lêlampahan ingkang anèh-anèh.

--- [677] ---

Ôngka 43, 21 Sura Dal 1863, 28 Mèi 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [661] ---

Ôngka 43, 21 Sura Dal 1863, 28 Mèi 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Tatwawara

[Mêgatruh]

dudukwuluh dadakan akarya pemut / mèngêt warah mrih basuki / ngluri ujaring pra sêpuh / sinangling winangun malih / mêmulih wêdharing criyos //

sapa wonge ingkang kêncêng tekadipun / tan kêna ora wis mêsthi / bakal têka kang kinayun / apa kang sinêdyèng kapti / tan luput yêkti kalakon //

lah sing sapa jroning kataman pakewuh / kênèng cobaning ngaurip / ing môngka sabar ing kalbu / mantêp idhêpe tan gingsir / bakal tuk nugrahèng Manon //

sapa wonge ingkang budine anguthuh / iku wus pangawak eblis / ngalor ngidul anjêjaluk / ngasorkên sipating Gusti / mung papa ingkang tumemplok //

sapa nandur gadhung yêkti thukul gadhung / nandur pari thukul pari / nanging sapa ingkang nandur / kautaman kanthi suci / thukul mas intên mancorong //

sapa wonge dhêmên tansah ngantu-antu / dhang-adhang pitulung lan sih / saking ing liyan wong iku / akal budine wis mati / kamulyane saya adoh //

--- 662 ---

Dongèngipun Petruk dhatêng Garèng

Bab bal-balanipun para sêpuh

II.

Garèng : Hara, Truk, kowe rak jangji arêp nyaritakake kaanane têtandhingan main bal antarane para jago-jago sêpuh, ta, ana kala dina Rêbo kang kapungkur jêbul banjur mak palêndèk, ora katon cungure. Sêmbranamu kuwi pancèn iya anjêkèk bangêt.

[Grafik]

Petruk : Wiyah, nèk sêmbrana kuwi rak ngêntèk, ana kok diarani anjêkèk, thik kaya pil tablèt bae. Kang Garèng, Kang Garèng, kowe sing ora ngrasakake iya bisa maido, nalika dina Rêbo kang kapungkur kiyi rak mèh bae adhimu awake aku dadi jênat, tujune banjur kêtulungan wêtêngku di... kêruk enthong.

Garèng : O, gênahe kêmlakarên kuwi. Hêm, kok samono bedane satriya jaman biyèn karo jaman saiki. Dhèk jaman biyèn ditobatake satriya gêlêm ngandhakake bab badhogan, nanging jaman saiki kêmlakarên malah sajak digawe kabrêgasan, awit mratandhakake yèn sugih bêras. Pulo-pulo jamane lagi mèlu buta, iya kudu nyara buta. Wis, wis, Truk, caritakna bae apa sing wis kok jangjèkake kala dina Sabtu kang kapungkur.

Petruk : Iya Kang Garèng, mara rungokna bae. Kira-kira jam 4.45, sauwise pangarsaning pakumpulan-pakumpulan bal-balan bôngsa Indhonesiah saindênging tanah kene, yaiku Tuwan Ir. Suratin, agawe lèngsêng ngalur sadawan-dawan, banjur diwiwiti campuhe pakumpulan [pakumpula...]

--- 663 ---

[...n] bal-balan ing Jakarta mungsuh karo pakumpulan ing Madiun. Nanging ing kene aku ora niyat arêp gawe palapuran anane pêrange tandhing kumpulan bal-balan loro kiyi, awit kaya lumrahe têtandhingan main bal, anane ing kono iya mung pêplayon, plêncing, plêncing, lan anêndhang-nêndhang bal: plak, kêthêplak, plak, plak, kêthêplak, sarta nampani bal nganggo sirahe, blang gêdhun tak, blang kêdhun tak...

Garèng : Wèh, iya angèl anggonku arêp ngarani, apa arêp anggambarake lagune dhanah-dhanah, apa kêndhangane... gudril, ana kok le maplak, nganti awak sakojur padha pating krêjot. Iya, iya, wis, Truk, tumuli caritakna bal-balane para jago sêpuh kuwi.

Petruk : Sabênêre, Kang Garèng, nèk dikon nyaritakake têtandhingane main bal, rada angèl pangejane, awit jalaran saka anggone padha pating kruntêl, nganti siji lan sijine ora padha wêruh: êndi sobat, êndi musuh. Mulane aku iya arêp nyaritakake sepak trajange siji-sijining jago sing tak sumurupi bae, kaya ta upamane: Tuwan Abdul Rahman. Gèk anu wis tak kandhakake yèn salirane saka cangcing lan wiwinge nganti wêwayangane kaya... gunungan, jalaran saka iku banjur rada lali cara mlayune, mulane banjur dipiji dadi tukang jaga gul. Barêng wiwit main, sanadyan bale tansah klintêran ana ing ngarêping gul, ewasamono mêksa ora bisa lumêbu, lo, iki êmbuh sabab saka cikating tandang solahe, êmbuh sabab saka... salirane ngêbêki gule.

Garèng : Wiyah, apa salirane prasasat padha karo... kapal api rodha lambung, kok le ora mèmpêr. Nèk carita kuwi bok rada sing barès sathithik.

Petruk : Kang Garèng, ambok aja tungkul nyêlani omong, nanging ngrungokna dhisik. Mungguh priyayi loro sing dipiji jaga ing sangarêpe gul, yaiku sing diarani: bèk, Tuwan Dahlan, Abdullah lan Tuwan Dr. Kayadhu. Wujud lan tandange priyayi loro kiyi, sing prasasat ora bisa diliwati dening mungsuh, angelingake aku mênyang putraning Kumbakarna loro sing aran: Kumba-kumba lan Aswanikumba kae. Saka dikdayane buta loro kiyi, cêkake jalma mara jalma mati, sapa sing nyêdhak mêsthi disarap lan diuntal malang. Mêngkono uga bèk loro mau. Apa sing nyêdhak iya mêsthi disarap lan diuntal malang, ning ya nèk bangsane... panêkuk.

Garèng : We, hla sontoloyo têmênan, ewasamono aku mêksa ngarani yèn bèk loro mau pancèn tandang.

Petruk : Mula iya mangkono. Saiki gênti tak nyaritakake liya-liyane manèh kaya ta: Tuwan Magaginta, wèt odhêr gêmintê, maine ing kono pancèn katon gêsit, mung bae kabare barêng têkan dalêm anggone pijêtan sadina sawêngi dhewe. Tuwan Dr. Suratma, ora ngira babarpisan yèn bisa tandang

--- 664 ---

kaya cakil musuh satriya, yaiku anggone tungkul... niba-niba, nganti barêng bubar aku kapêksa kudu dêrma dhoklonyoku kanggo nyiram sirahe, sabab jarene sapa bae sing ana ing ngrêsane, katon raine... loro, alias sirahe munyêng bangêt. Dene Tuwan Paradhah Harahap, up rêdhaktur Bintang Timur, kala samono nyambut gawe kêras têmênan, playune anggone ngoyak bal nganti: bundêr. Apa manèh yèn wis mêthukake bal, anggone nêndhang: hêwêg, nanging bale sajake ora wêdi karo jurnalis krekot kiyi, buktine: têrus bae ora gêlêm diêndhêg, alias sing ditêndhang dudu bal, nanging: hawa. Saka aksine Tuwan Paradhah Harahap mau, sabubare main bal andadak malumah andhêpani lêmah, jarene lagi ngêndhêg napase sing arêp... pêrlop. Tuwan Tamrin, ngelingake aku nyang tukang main bal Kalkuta sing misuwur kae, yaiku saka pintêre main sirah, anggêr bal têka, têrus ditampani ing sirahe: sêng, bale banjur: dhung, ning... tiba ing lêmah têlung mètêr ing saburine.

[Grafik]

Sawung-sawung main bal ing Surabaya, sadèrèngipun campuh. Ingkang lênggah ngajêng Nyonyah Sarjana, juru pamisah, sisih têngên ingkang ngadêg ing nglêbêt gul, Tuwan Askabul.

Garèng : Wèh, Truk, iya rame lan angguyokake bangêtane.

Petruk : Wis gênah, Kang Garèng, saupama kowe nontona mono, kiraku kowe têrus kêbêlêt dhur-dhuran. Kabare ing Surabaya iya mêntas dianani têtandhingan main bal antarane para jamhur-jamhur kaya ing Batawi kene. Mungguh gambare sing padha mèlu main kaya kang kacêtha ing dhuwur iki.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 4573 t. Purwapranata. Bab rêgining Kajawèn, nadyan kabayar garêbyêg sataun, botên angsal sudan. Lêngganan wiwit Nopèmbêr 1929.

Lêngganan nomêr 1833 ing Wêlèri. F 2,- punika tumrap wulan Mèi dumugi Ogustus 1932.

Lêngganan nomêr 3256 t. Lim Oen Hoo. Lêngganan kapetang wiwit 1 Mèi. Kintunan wiwit nomêr 30.

Lêngganan nomêr 1787 ing Sêmarang. Lakar botên kawartosakên, nanging sampun katampi. Nuwun.

--- 665 ---

Nagari Ngamônca

Pasulayan Jêpan kalihan Tiongkok

Sêsulaking pasulayan praja kêkalih ingkang kasêbut ing nginggil, sanadyan sampun rame ing bab wontênipun padhamèn, nanging pinanggihipun malah ngosokwangsul, ing pundi-pundi tuwuh rêraosan tuwin ebah-ebahan ing bab botên nayogyani dhatêng kawontênaning padhamèn wau, dene ingkang langkung cêtha, pinanggih wontên ing golongan Tiongkok, rumaos sami botên narimahakên dhatêng wontênipun padhamèn.

[Grafik]

Inukai

Ing sapunika tumrapipun praja Jêpan sawêg kêsêlan raos prihatos, inggih punika ing bab tiwasipun prèmir Inukai ingkang dipun cidra ing tiyang. Dene ingkang nyidra wau satunggiling neneman amangangge militèr, ujug-ujug lajêng mistul, rambah kaping kalih, angèngingi pipi tuwin grana. Dhatêngipun ingkang nyidra wau nuju wanci jam nêm sontên, nalika panjênênganipun Inukai nuju manggihi tamu. Nanging tiyang ingkang nyidra wau pancèn tiyang tatag ingkang purun andhadhani kalêpatan, tandhanipun lajêng angêsrahkên badan. Nanging kajawi tindak cidra punika, ugi taksih wontên tindak cidra sanèsipun malih ngantos gangsal panggenan, inggih punika nêmpuh dhatêng pulisi sarana nguncali bom. Wusana kasumêrêpan, bilih ingkang sami gadhah ada-ada tindak kados makatên punika para neneman golongan dharatan lan lautan sawatawis.

Sedanipun prèmir Inukai wontên ing dintên malêm Sênèn tanggal 16 Mèi wanci jam 12 langkung 5 mênit, jamipun 2 dalu Sri Nata Jêpan angangkat wêwakil prèmir, ingkang kapilih Takahaski. Dados prèmir wau têtêp botên lowong, dumugi byar enjing sampun wontên ingkang gumantos. Nanging ing bab punika, sajak-sajakipun wontên raos ingkang botên nayogyani.

Sapunika tumraping Tiongkok, saya cêtha pasulayanipun kalihan bôngsa piyambak ing bab botên mathukipun padhamèn, kados ta Canton botên purun nganggêp prajanjian ing Sjanghai ing bab rukunipun Tiongkok kalihan Jêpan. Canton mratelakakên, bilih Nanking botên kuwaos nôndha tangani prajanjian, ing sadèrèngipun mupakatan kalihan Canton, mila pinanggihipun lajêng mêcahakên golongan.

Sarèhning kawontênaning pasulayan punika nyatanipun pinanggih kados makatên, mila botên anèh bilih wêca ing bab dadosing paprangan agêng

--- 666 ---

badhe nêmahi. Malah sêrat kabar Jêrman mêntas martosakên, bilih pasulayan punika badhe saya agêng tuwin anggayut dhatêng Sovjet. Ing sapunika ing bab tindak sadhiya dêdamêl Sovjet, sampun dipun umumakên, saha sampun mirantos dêdamêl mêpêki.

[Grafik]

Takahashi

Tumrap kawontênanipun praja Jêpan ingkang katingal sampun têntrêm, sajatosipun rame ing nglêbêt, kados ta ing bab rêrigênipun Pangeran Sajonji anggèning ngêdêgakên kabinèt enggal, katingalipun kadamêl gampil, dene nyatanipun, bab punika botên dipun sayogyani dening para jendral, awit miturut anggêr baku, ministêr pêrang punika kêdah kapilih dening golonganipun para jendral, lan sarèhning parêpataning para wadya dharatan botên nayogyani, katingalipun parentah badhe mituruti dhatêng panyuwunipun golongan prajurit, nanging miturut pawartos sêsambêtanipun, pamilih wau ugi botên sagêd anocogi. Kados makatên pinanggihing rêmbag manawi kêdah badhe panjang.

Ing sapunika gêntos angraosi ing bab raos pangudi lêrês tumrap Jêpan tuwin Tiongkok ingkang sampun dipun usulakên dhatêng Volkenbond.

Miturut pratelanipun Jendral Ma Chan San dhatêng parentah Nanking lumantar tèlêgram, mratelakakên, wadya Jêpan sasampunipun ngêbroki Tungho prênah sakidul Harbin, lajêng ngowat-awut pêkên tuwin ambêsmi kitha, punapa malih nyêpêngi para pangagêng kitha ngriku.

Kosokwangsulipun tumrap Jêpan, mratelakakên bilih panêmpuhipun Tiongkok dhatêng margi sêpur Mansjoerie kala ing wulan Marêt tuwin April, ngantos ambal-ambalan, panêmpuhipun botên tata. Ing salajêngipun para amtênar Tiongkok kadakwa ambêbaluhi rêmbag murih ura-uru ing salaladan Mansjoerie.

Mirid kawontênaning tindak wêwadul ingkang kados makatên punika, pikantukipun kintên-kintên namung badhe nuwuhakên têbihing karukunan, inggih punika sirêping paprangan. Dene tumrapipun Volkenbond tansah katingal anggèning nêtêpi kados bapa babunipun ingkang sami pasulayan, namung ngudi murih rukun.

Sarèhning kawontênanipun jagad pasulayan saya pêtêng, sadaya sami nindakakên pamawas, pundi ingkang sulit-sulit tansah dipun gagapi, mila pundi tindaking mêngsah ingkang nyalawados inggih lajêng sagêd kadênangan, dene nyata lan botênipun, dèrèng sagêd nêtêpakên, nanging gagapanipun wontên.

Ing sapunika saya katingal cêtha, bilih antawising sirêp dèrèng wontên. Upamia tiyang lumampah, taksih têbih.

--- 667 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Kawontênan ing Bopên Dhigul

Sambêtipun Kajawèn nomêr 42.

Sarêng ing golongan punika wontên golonganipun tiyang ingkang kirang wawasanipun, ing wiwitan padamêlanipun majêng sangêt dados mundur sangêt. Ngantos ingkang ngasta paprentahan santun saha sampun santun ada-ada dèrèng wontên tanêmanipun.

3. Ambabad cara pakêmpalan

Pakêmpalan punika kanamakakên Lanbao kopêrasi Dhigul. Inggih pakêmpalan punika ingkang dipun sêngiti dening tiyang bucalan ingkang kirang wiyar wawasanipun. Tatanan ingkang kadamêl dening pakêmpalan punika nyuwun dipun sarujuki dening panjênênganipun Tuwan Monso. Mila pakêmpalan punika anggadhahi pamanggih makatên, awit ing salêbêtipun parêpatan ngriku ngawontênakên putusan ingkang sagêdipun tumindak sarana nyuwun pambiyantunipun parentah. Suraos ingkang gêgayutan kalihan parentah, inggih punika nyuwun pirantos, nyuwun wiji-wiji, nyuwun pangayoman panjagining têtanêmanipun.

Têtanêman ingkang badhe katanêm inggih punika: kopi, karèt saha tèh. Wiji-wiji punika sampun tamtu têtiyang bucalan botên sagêd ngawontênakên, botên sanès inggih nyuwun dhatêng parentah. Kajawi wiji-wiji ugi pirantos-pirantos kadosdene kampak saha parang manawi wontên kirangipun inggih nyuwun.

Panyambutdamêlipun kaetang miturukmiturut. kêkiyatanipun anyambut damêl, inggih punika kaetang jam. Sabên dintên nyambut damêl kajawi dintên Minggu saha dintên agêng, wiwit jam 8 enjing dumugi jam 12 siyang. Wiwit jam 2 siyang dumugi jam 5 sontên.

Tumindaking para warganing pakêmpalan Lanbao kopêrasi punika ajêg kemawon botên wontên bedanipun ngantos dumugi ingkang ngasta paprentahan kagêntosan panjênênganipun Tuwan Blok. Inggih sarêng paprentahan kaasta panjênênganipun Tuwan Blok punika bibaring para golonganing têtiyang bucalan ingkang sami ambabad wana kangge patêgilan, namung ingkang ambabad piyambakan sawatawis inggih punika ingkang kula pratelakakên ing nginggil, dipun rêsiki saking sakêdhik, saha lajêng katanêman, punika dipun upakara ngantos wontênipun wangsul-wangsulan ingkang kaping kalih.

Kajawi ambabad wana kangge patêgilan, Lanbao kopêrasi, kataros dening panjênênganipun Tuwan Monso kapurih nyêpêng lêmbu-lêmbu sadhiyanipun têtiyang bucalan sadaya. Ing sakawit têtiyang bucalan manawi badhe nêdha daging lêmbu kêdah sêsarêngan, upaminipun sabên tiyang sakampung tumbas lêmbu satunggal, sasampunipun kapragad lajêng bakagikabagi. waradin, dene pambayaripun ugi kasanggi sami-sami. Ing sarèhning kawontênan sagêdipun têtiyang bucalan angsal daging punika ragi damêl ribêding panjênênganipun Tuwan Monso, amila panjênênganipun Tuwan Monso anaros pangarsaning pakêmpalan Lanbao kopêrasi.

--- 668 ---

Ing sarèhning pakêmpalan Lanbao kopêrasi punika botên anggadhahi pawitan punapa-punapa, ing môngka badhe ngawontênakên kandhang lêmbu saha griya kangge maragad lêmbu (abattoir), punapa malih kêdah ngawontênakên pirantos kadosdene pirantosipun jagal ing tanah Jawi, lajêng karêmbag wontên ing parêpatan, karampunganing parêpatan kapasrahakên dhatêng salah satunggiling tiyang bucalan, ingkang purun ngawontênakên panggenan saha pirantos ingkang kasêbut ing nginggil. Prajanjianipun manawi tuna Lanbao kopêrasi botên tumut nanggêl, ananging manawi wontên bathinipun Lanbao kopêrasi tampi bêbathènipun salangkung prêsèn.

Tiyang bucalan punika lajêng cancut anindakakên padamêlanipun saha têrus kapasrahakên dening pangarsaning Lanbao kopêrasi dhatêng panjênênganipun Tuwan Monso. Dados tiyang bucalan ingkang angsal sêrat panguwaos saking Lanbao kopêrasi punika lajêng têrus gêgayutan piyambak kalihan panjênênganipun Tuwan Monso.

Kandhangipun lêmbu inggih lajêng kadamêl, wiyaripun sèkêt mètêr, panjangipun pitung dasa mètêr. Ing têngah kasukanan griya. Ing wêkdal punika ing Tanah Merah dèrèng patosa kathah thukulan sukêt, dados rêginipun inggih awis, satunggal katos wolung sèn. Panggenan amragad lêmbu ugi lajêng damêl. Badhe kasambêtan.

Aris Munandar.

[Iklan]

--- 669 ---

Ambiyantu Golongan Angguran

[Grafik]

Horêging jagad bab kathahipun tiyang angguran amradini ing pundi-pundi, raosing batos kados kêbrêbêgên suwaraning tangis ingkang linut sêsambat ngaruara.

Ing bab punika sakalangkung dipun wigatosakên dening pakêmpalan P.B.I. ing Surabaya, lajêng ngêdêgakên komite nama Pembrantas Penganggoeran Indonesia, ingkang dados komite Tuwan Ruslan Wôngsakusuma, sêsêpuh, Tuwan Subyakta, wakil sêsêpuh, Tuwan Bustam, panitra, Tuwan Kumpul, panitra nomêr kalih, Tuwan Darjuna, Ardana. Kajawi punika taksih dipun awat-awati dening para sawung panuntun sanèsipun.

Ingkang kacêtha ing gambar, ingkang nginggil piyambak, griya panggenaning para angguran. Ing ngandhapipun sisih kiwa, pajagungan. Sisih têngênipun, griya enggal ingkang sawêg kadamêl, cêkap dipun ênggèni tiyang 300. Gambar nomêr kalih saking ngandhap, para panuntun P.B.I. tuwin para têtiyang sawatawis ingkang angsal pitulungan. Ngandhap piyambak sisih kiwa, pakampunganipun tiyang kamlaratan, nalika dipun dhatêngi komite. Têngênipun, para ingkang kajibah andum pangangge.

Kawontênanipun gambar-gambar ing nginggil punika, para maos sagêd anggalih piyambak dhatêng raos-raosing kawontênan ingkang kacêtha wontên ing ngriku.

Mugi komite wau lulusa ing salajêngipun, sampun kirang satunggal punapa.

--- 670 ---

Raos Jawi

Ngantêpi Pitutur

[Dhandhanggula]

madubrata puspitaning tulis / kang rinêngga pamêdharing kôndha / lupiya tama arane / ing nguni kaki buyut / awêwarah wontên sujanmi / nama Ki Suratama / sugihe kalangkung / asring dados pangungsenan / karêmannya mung dana dariyah mintir / ngecani ing sasama //

Suratama darbe suta laki / sakalangkung dènnya ngêla-êla / Bagus Daulat namane / sawêg jaka kumêncur / dhasar lantip tulus ing budi / mituhu ing sudarma / sapangrèh miturut / samantên Ki Suratama / kabancanan griya dados karang abrit / kobar têlas-têlasan //

Kyai Sura katampêg ing agni / kêdhawahan bêbalungan wisma / rêmak rêmpu sarirane / sami sakala ngriku / murut dhatêng ing alam pati / nalika badhe muksa / nguwuh sutanipun / dhuh atmajaku Daulat / sudarmanta nora nyana nora ngimpi / sira saiki lola //

adhuh anggèr babo sun tuturi / sudarmanta tan tinggal warisan / jêr sira sumurup dhewe / yèn rajabrana iku / sapandurat wus bisa gusis / mung iki piyarsakna / yèn tinimbang turu / aluwung luru-lurua / iki anggèr kanggo salawase urip / rêgane satus dinar //

sasampune pitutur mring siwi / Suratama mancal mring kamuksan / kados punapa susahe / ingkang anggana wau / rêntêng rantas arontang-ranting / wismane têlas kobar / ananging puniku / tan dados anglêging driya / amung ketang lola tinilar sudarmi / paran polahe baya //

rèhne dahat dènira kêtrini / tan panon rat sakala punika / ambolos tambuh parane / netranira ambalut / rawat waspa anumpal kèli / kleyang kabur kanginan / ing sapurug-purug / ngalambrang katula-tula / alêlayu tanpa kôntha tanpa kanthi / mangkana lama-lama //

lampahira anjog ing nagari / sampun risak sipating sujanma / tabêt saking sangsarane / pindha kere narutus / nêdha-nêdha yèn dèn sukani / dening tiyang kang wêlas / mangkana winuwus / Daulat osiking driya / apa baya dosane ragèngsun iki / dene luwih sangsara //

nguni bapa paring sun wêwêling / tinggal ngèlmu rêga satus dinar / tinimbang kaya mangkene / paran dadine besuk / lamun ingsun nora nglakoni / pituturing wong tuwa / yèn tinimbang turu / aluwung luru-lurua / adol ngèlmu marang sajroning nagari / kêna kanggo pawitan //

sabên wontên tiyang dèn tawani / nanging nampik malah nguman-uman / dadak sira kobêr ngame / awad angêdol ngèlmu / yèn duwea kawruh prêmati / nora angulandara / lèrès kaya kuwuk / daya kuwuk kajalamprah / larah-larah balik bundhêl sêmu mêngi / têmah dadi tontonan //

risang lagya mêmêla tan angling / têtêp dadya kaelokaning Hyang / jam gangsal sontên wancine / dumadak jêng sinuhun / karsa miyos ing dalêm puri / têdhak amêng-amêngan / lan kusumaningrum / putra putrine narendra / mung sajuga sasat sêsotyaning bumi / gungan dèn êla-êla // Taksih wontên sambêtipun.

Sutata Wandawa Tlawong-Sawit.

--- 671 ---

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

Sing bênêr sok kêblingêr, sing salah sok anjarah.

Wontên bêbasan Jawi ingkang ungêlipun makatên: cacading tanggane satêngu tansah diuthik-uthik, nanging githoke dhewe ana gajahe ora wêruh.

Tumrap wêwatêkaning tiyang kados pancèn inggih sampun jamak limrah, bilih dhatêng cacadipun piyambak, sanadyan agênga kados punapa, asring botên nyumêrêpi, nanging cacadipun tiyang sanès, inggih kanthi gampil anggènipun sagêd metani. Upaminipun tiyang ingkang alus sangêt rainipun, ngantos irungipun botên katingal bêndhulanipun, ngêmungakên ingkang katingal bolongan kalih, ingkang sampun têmtu lajêng bindhêng suwaranipun, punika sarêng sumêrêp tiyang ingkang bèkèl wêtêngipun, sok lajêng dadakan cariyos makatên: "Ah, ahu kok lahi tumon hi, lumah-lumahe sing nonong uwi rak ya batuk, ana kok jêbul malah wêtênge."

Mangga, cariyosipun tiyang bindhêng ingkang makatên punika punapa botên badhe nelakakên, bilih tiyang wau botên ngrumaosi babar pisan dhatêng cacadipun piyambak. Kajawi punika inggih sampun nama limrah, bilih manusa punika tansah badhe nutupi punapa ingkang dados cacadipun. Kados ta makatên: tiyang mêtêngan mangangge bêlor thik main triple kalihan têtiyang limrah. Ingkang èstri ambotohi wontên ing wingkingipun. Sarêng pun mêtêngan wau sampun dipun êdumi kêrtos, lajêng bisik-bisik takèn dhatêng ingkang èstri: "Kêpriye mbokne?" Ingkang èstri amangsuli: "njaluk kêrtu manèh, ta pakne." Pun mêtêngan inggih lajêng nêdha kêrtos kanthi sora suwaranipun: "Kaaaar-ret." Salajêngipun dangu anggènipun nguthut kêrtos wau, saha lajêng pitakèn malih dhatêng ingkang èstri kalihan lirih-lirih: "Piye?" Sarêng angsal wangsulan saking ingkang èstri: "O", mati sacêplik, pakne," ing sanalika kêrtosipun tiga lajêng dipun banting sarana wicantên makatên: "Mulane mambu."

Tingkah lampahipun tiyang mêtêngan wau sajatosipun rak inggih namung badhe nutupi ingkang dados cacadipun piyambak kemawon. Kados ta: anggènipun mangangge bêlor main kêrtos kalihan têtiyang limrah, pitakènipun dhatêng ingkang èstri sarana bisik-bisik, tuwin nguthut kêrtos ngantos dangu, punika inggih namung badhe ngumpêtakên wutanipun. Dene anggènipun cariyos: "mulane mambu" punika namung badhe nelakakên dhatêng ingkang èstri, bilih, sanadyan mripatipun wuta, nanging panggandanipun landhêp sangêt. Dados rumaosipun, manawi pancèn purun, inggih botên prêlu gumantung sangêt-sangêt dhatêng ingkang èstri.

Makatên mênggah gêgambaraning satunggal satunggalipun tiyang. Wêwatêkan: botên nyumêrêpi tuwin tansah badhe anutupi cacadipun piyambak, punika mindhak-mindhak dumugi pangrêngkuhipun dhatêng anak-anakipun. Gênah sampun cêtha bilih anakipun kenangan anggènipun nyolong pêlêm mêntah, inggih mêksa dipun tutupi sarana cariyos makatên: "Wah, anak kula punika manahipun pancèn wêlasan sangêt. Anggènipun mènèk wit pêlêm wau, rak badhe amangsulakên pêksi cècrèkan ingkang dhawah saking susuhipun. Kok dipun dakwa nyolong pêlêm mêntah, wah, taaaaaaangèh, Mas." Amila lajêng wontên paribasan ingkang mungêl makatên: sagalak-galakane macan masa mangana anake dhewe. Mênggah kajêngipun: satega-teganipun tiyang sêpuh, mêksa botên badhe tega dhatêng anakipun piyambak aliyas: m-ê-l-a-s lan eman ajêgan.

Mênggah wêwatêkan kados ingkang kaandharakên inginggil, punika minggahipun dhatêng pangrêngkuhipun sanak sadhèrèk, malah ngantos dumugi dhatêng bangsanipun. Kados botên prêlu kacariyosakên malih, bilih wontênipun wêwatêkan ingkang makatên punika, sagêd nuwuhakên lêlampahan-lêlampahan ingkang botên nyênêngakên, malah kadhangkala sok nuwuhakên lêlampahan ingkang botên adil.

Manawi ingkang kadunungan wêwatêkan makatên wau tiyang limrah, têgêsipun tiyang ingkang padamêlanipun botên gêgayutan ingakathah, kados-kados inggih botên badhe andadosakên sabab ingkang wigatos. Nanging manawi ingkang kadunungan wêwatêkan makatên upaminipun kemawon bangsaning jurnalis, ingkang dados juru sêsuluhipun pintên-pintên èwu tiyang, la, punika inggih sok kojur sayêktos. Sabab sêsuluhipun wau sok lajêng apês ambalêbês ngrujak sêntul, manawi lajêng botên awujud pambalithuk kemawon. Kados ta: saupami mirêng ing bab kautamaning tiyang bangsanipun piyambak, anggènipun angalêmbana inggih sok ngantos kapêntut-pêntut sayêktos, nanging manawi tiyang bangsa sanès, punapa malih bangsa ingkang taksih asor drajatipun, anggènipun ngalêmbana namung dipun sampar kemawon, kadhangkala cara cariyosing dhalang malah sok namung "sidhêm prêmanêm tan ana walang ngalisik". Kosokwangsulipun mirêng pawartos ing bab awoning tindakipun tiyang bangsanipun piyambak, kadhangkala inggih botên purun nyariyosakên punapa lêrêsipun, nanging malah lajêng mêdal aksinipun anggènipun badhe tumandang arêrencang.

Jalaran saking punika amila kados sampun lêrêsipun, dene ariwarti Tionghoa tuwin pribumi kathah ingkang sami angalêmbana dhatêng trajangipun

--- 672 ---

sêrat kabar Bataviaasch Nieuwsblad anggènipun damêl pratelan têtandhingan main bal ing Surabaya dèrèng dangu punika, kanthi salêrês-lêrêsipun. Wontênipun bekotan ningali têtandhingan main bal bangsa Europa ing Surabaya, pancèn inggih nyata prasasat botên wontên bangsa Arab, Tionghoa tuwin bangsa tiyang siti ingkang sami ningali. Sanadyan pakabaran ingkang makatên wau sajatosipun botên nyakecakakên dhatêng bangsanipun piyambak, ewasamantên para jurnalisinipun ariwarti Bat. Nieuwsblad botên sungkan macak pawartos punika, kadar punika mila pawartos nyata. Ingriku para jurnalis ariwarti wau ngatingalakên lêrês-lêrês, bilih anêtêpi namanipun anggèning dados juru sêsuluh, ingkang trêsna dhatêng lêlêrêsan tuwin kêadilan, sarta botên sungkan babar pisan saupami kawastanana: jurnalis tukang ngapusi, tukang ambalithuk utawi tukang pilih sih. Dene anèhipun, pintên-pintên sêrat kabar ingkang nglairakên pangalêmbananipun wau, têka namung tumuju dhatêng Bat. Nieuwsblad. Ingkang makatên punika lajêng nuwuhakên gagasan kula ingkang angêlangut. Kados ta: "Kanca-kancane Bat. Nieuwsblad kok ora kêcrita. Kêpriye si ya?"

[Grafik]

Para warga "Comite van Actie Persatuan Bangsa Asia". 1 tuwan Liem Khoen Hian pangarsa. 2 tuwan Radjamin, moeda pangarsa. 3. Tuwan Nan Yang Soe. Panitra.

Ewasamantên gagasan kula ingkang angêlangut punika kula punggêl samantên kemawon, kuwatos bilih ing mangke dipun pleroki dening lurah kula. Inggih manawi namung dipun pleroki kemawon, manawi lajêng dipun... besienig, mangke rak sagêd kalampahan nyai somah nêdha dipun... talak pitu sayêktos. Amila samangke sami ngrêmbag sanès kemawon.

Mênggah sabab-sababipun wontên pêmbekotan kados ingkang kacariyosakên inginggil, kabaripun jalaran saking sêratanipun satunggiling bangsa Walandi nama Tuwan Bekker. Sanadyan sêratanipun wau sajak ngrèmèhakên dhatêng bangsa-bangsa kulit: cêmêng, biru, abrit lan jêne, ewasamantên kabaripun mêksa dipun ayomi dening pangrèhing pakêmpalan main bal bangsa Europa. Lêrês botênipun pakabaran punika, ingriki kula botên badhe tumut cawe-cawe, mangke kula mindhak dipun dakwa ewang-ewangan. Ingkang badhe kula cariyosakên amung wohing tindak ingkang dipun tampi ngrèmèhakên wau, inggih punika lajêng tuwuhing pakêmpalanipun bangsa-bangsa kulit warni-warni kasbut inginggil, ingkang lajêng dipun wastani: P(ersatuan) B(angsa) A(sia). Sajakipun bangsa-bangsa wau rumaos sêrik sangêt dipun rèmèhakên punika, nanging ing sarèhne ngrumaosi ringkih, dados anggènipun badhe malês adamêl sakit manah, inggih lajêng ambudidaya akalan ingkang sakintên botên damêl sakiting saliranipun piyambak, inggih punika lajêng nyara lare alit ingkang dipun ladaki dening lare ingkang langkung agêng sarta kiyat. Ing sarèhning lare alit wau rêmaosrumaos. ringkih, manawi badhe nandangi lare ingkang agêng wau, têmtunipun botên wande badhe... rê-muk. Amila anggènipun badhe nandangi inggih lajêng sarana margi ingkang wilujêng, inggih punika... anjothak. Makatên ugi pakêmpalan enggal P.B.A. anggènipun badhe malês tindak ngrèmèhakên wau, inggih sarana ngupados margi ingkang botên wontên êri sangkrahipun. Lo, punika botên sanès ngêmungakên sarana margi,... pêmbekotan, inggih punika ambekot botên badhe ningali wontênipun têtandhingan main bal pakêmpalan-pakêmpalanipun bal-balan bangsa Europa.

Wontênipun ada-ada makatên wau, manawi sayêktos dipun tindakakên, têmtu badhe adamêl kapitunanipun pakêmpalan-pakêmpalan main bal bangsa Europa, ingkang nuju têtandhingan main bal wontên ing Surabaya ing kala punika. Jalaran saya kirang cacahipun bangsa-bangsa kasêbut nginggil ingkang sami nonton, inggih saya... caklat, awit saya kirang badhe lêbêtipun... fulus. Ingkang punika mila

--- 673 ---

[Grafik]

IngingilInginggil. sawung Bêtawi, ingkang unggul mêngsah sawung Blitar. Têngên sawung Bandung, ingkang kasoran dening sawung Surabaya. Gambar sadaya punika inggih gambaripun pakêmpalan-pakêmpalan bal-balan bangsa Europa ingkang dipun bekot.

[Grafik]

Kampiun bal-balan bangsa Eropa saking Surabaya, ingkang unggul tandhing kalihan Bandung.

[Grafik]

Sawung Blitar.

Para pangrèhing pakêmpalan-pakêmpalan main bal bangsa Europa lajêng sami ambudidaya sakiyatipun murih sagêda sande tindak pambekotan wau, ingkang anjalari panuntuning pambekotan lajêng dipun tahan ing pulisi. Ingriki mathuk utawi botênipun paribasan: "Sagalak-galakaning macan masa mangsaa anake dhewe" lo, punika wallahu'alam. Kula namung nyumanggakakên dhatêng para maos. Tujunipun anggènipun dipun tahan wau namung wontên 3 dintên, amila kaanggêpa kadosdene mêntas tirakat "patigêni têlung dina têlung bêngi" kemawon. Dados rak malah utami, ta.

Ewasamantên bab punika botên prêlu dipun panjang-panjangakên; ingriki namung adhapur suka pêpèngêt dhatêng golongan bangsa ingkang sampun luhur

--- 674 ---

darajatipun, mugi kaparênga sami angèngêti, bilih jaman samangke punika jaman gevoelig (gampil kraosipun), mila sampun sok gumampil anatoni manahing golongan sanès, kados ingkang mêntas kêlampahan punika. Mangga, ingkang dipun tatoni namung sawatawis golongan, nanging ingkang nampèni sak-sêrik utawi rumaos dipun rèmèhakên wau lajêng golongan kathah pintên-pintên, wusananipun mahanani karugian agêng tumrap dhatêng ingkang gumampil wau.

Kosokwangsulipun, inggih mugi andadosna panggarjitaning manahipun golongan bangsa kula warni-warni punika, sarêng purun tumindak asêsarêngan kok inggih agêng sangêt dayanipun. Lah saupami kadadosan makatên (tumandang rukun asêsarêngan) wau sagêd dipun pigunakakên dhatêng babagan sanès-sanèsipun, kula wani namtokakên tamtu badhe gampil utawi enggal kalêksanan punapa ingkang sami ginayuh. Sampun makatên kemawon aturipun pun PÊNTHUL.

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI.

Punapa badhe dados jaman urup-urupan? Wontên pawartos, jalaran saking rêkaosipun tiyang pados arta, tumrap ing laladan Ngayogya sampun wontên tiyang nindakakên epahan andadosakên barang sarana kabayar uwos tuwin sanès-sanèsipun.

Manawi jamanipun lêstantun kados makatên, tindak urup-urupan wau kintên-kintên sagêd dados umum. La, inggih tumrap ingkang gadhah pamêdal siti sagêd ngurupakên, balik ingkang botên gadh,gadhah. arak badhe kêlampahan ikêt kangge nêmpur.

[Grafik]

Lurik. Ing sapunika kenging dipun wastani jaman lurik, ing pundi-pundi sawêg upyêk ngrêmbag bab lurik. Ing nginggil punika gambar papan panênunan Lurik Bangun Karya ing Menawa, Magêlang. Para maos sagêd nguningani piaymbakpiyambak. kawontênanipun.

Kasangsaranipun têtiyang tanah ngriki wontên ing tanah Arab. Miturut pawartos, kawontênanipun têtiyang ingkang kasangsaran kantun wontên ing tanah Arab cacah dasanan ewon, sadaya sami gadhah panuwun dhatêng parentah, supados dipun antukakên dhatêng nagarinipun.

Pawartos wau sagêd adamêl ngêrêsing manah, nanging tumraping parentah ing sapunika sawêg kados makatên, têmtunipun pinanggihing pitulungan kêdah tuwuh saking lampah sanès.

Nyirik têmbung Indonesische. Punggawa tiyang siti golongan Marine ing Surabaya, gadhah pakêmpalan nama: Indonesische-Marinebond. Nama wau botên dipun sayogyani dening commandaning wadyabala lautan, ungêl-ungêlanipun Indonesische kêdah kasantunan Inlandsche utawi Inheemsche.

Têmtunipun inggih lajêng badhe santun.

Mulo Nasional. Benjing wulan Juli ing Surabaya wontên bikakan Mulo kabangsan, nampèni murid saking H.I.S. badhe dipun tuntun dening Dr. Samsi tuwin Mr. Pringgodigda. Ingkang dados directeuripun guru tiyang siti ingkang anggadhahi diploma hoofdacte.

Na. mbok makatên.

Manak sakawan. Kawartosakên ing dhusun Dêmangan distrik Suradadi, Têgal, wontên tiyang manak 4, lare 4 wau ingkang jalêr 3, èstri 1. Nanging 4 pisan sanès dintên ngajal sadaya. Malih, ing dhusun Kuntul, distrik Campurdarat ugi wontên tiyang manak 4, wilujêng.

Punapa manak kados makatên punika mangsan?

Pangiridan ing pabrik gêndhis Bantul. Jalaran saking jamanipun kados makatên, pabrik gêndhis ing Bantul nindakakên pangiridan garapan cêmplongan. Rumiyin sabên sacêmplong 1 sèn, sapunika 10 cêmplong 6 sèn.

Pancènipun pangirit ingkang makatên punika kenging kacêgah, awit panyambutdamêlipun kuli ingkang kados makatên punika, angsal-angsalanipun dèrèng têmtu nuwuki wêtêng.

Juru nglêbêtakên barang pêtêng kapriksa ing pangadilan. Pangadilan Landraad ing Cilacap mêntas mriksa prakawisipun dakwa bangsa Tionghoa nama Tjioe Thian Seng, kadakwa kala wulan Mei 1931 nglêbêtakên barang pêtêng awarni batu api wawrat 108 kg. pêpetanganing bea-bea ingkang dipun singkiri ngantos 20 rambahan gunggung f 712.800.- Sasampunipun kadhawahakên karampungan, dakwa apèl.

--- 675 ---

Beya samantên punika, wah, inggih kathah sangêt. Dene tindaking dakwa wau kenging dipun wastani: among dagang apawitan wani.

Telegramipun H.B.P.P.B.B. dhatêng K.T. Ingkang Wicaksana. H.B. pakêmpapalan P.P.B.B. ngaturi telegram dhatêng K.T. Ingkang Wicaksana, supados ing bab badhe ngirangi klas 1 utawi voorklas Mulo dipun sarantosakên rumiyin, ngêntosi karampunganipun rêmbag ing Raad kawula. Telegram wau dipun tandha tangani dening Tuwan Sutarja, Suyono, Monod de Froideville, De Dreu, Thamrin, Van Mook, Van Helsdingen tuwin Beets.

Usuling para sawung wau mugi wontêna wohipun.

Adêging sudan balanja. Miturut pawartos, parentah aparing wangsulan dhatêng pitakènipun Tuwan Monod de Froide Ville wontên ing Raad kawula, mratelakakên bilih ing salêbêting taun 1932, parentah botên nyuda balanjaning punggawa malih, samanatên punika manawi botên kadhêsêk ing sabab malih.

Allhamdulilah, mugi-mugi kabula, tinêbihna ing sambekala, cinêlakna ing bêgja, tumbasan ing pêkên miraha sadaya, têtiyangipun sami umura dawa.

Yak, lajêng andonga.

Angsal-angsalanipun N.I.S. Salêbêtipun wulan April kapêngkêr, angsal-angsalanipun N.I.S. wontên f 959.- manawi dipun imbang kalihan wulan April 1932 suda f 17.000.- Wiwit tumapaking wulan taun 1932, angsal-angsalanipun f 4.062.000.- manawi dipun timbang kalihan petangan taun kapêngkêr, suda f 281.972.-

Sudaning angsal-angsalan wau kenging kangge titikan munduring pamêdal ing laladan pasitèn ingkang dipun ambah margi sêpur, ingkang cêtha kemawon tumrap pabrik-pabrik gêndhis ing laladan karajan Jawi, awit tumraping N.I.S. kawontênaning pabrik gêndhis kenging dipun wastani dados pêperanganing kêkiyatan.

Ukuman nyênêngakên. Ing Pare wontên murid pamulangan kriya wanuh kalihan wanita murid kopschool, sarêng kadênangan lajêng kadhaupakên, sah.

Pinanggihipun paukuman makatên punika lajêng nama nyupêt rêmbag. Dene ingkang prêlu dados pamanahan namung bab tindak pasrawungan mardika, wohipun adhakan sok kados makatên. Punapa botên prêlu mulat, awit tumrapipun ngriki tindak ingkang araos kados makatên punika, sajakipun dèrèng nyakecakakên dhatêng manah.

Ngundhuh wohipun dhêdhêran piyambak. Ing taun punika wontên murid pamulangan Taman Siswa ing Ngayogya cacah 5 katarimah iksamen ing pamulangan Mulo. Kajawi punika ugi wontên tilas murid Mulo Taman Siswa ingkang lulus saking pamulangan A.M.S. ing Surakarta, 1 Nonah Suciati, 2 Nonah Sudarmi, 3 Tuwan Sayuti. Lan malih wontên ingkang tamat saking pamulangan têtanèn (Middelbare Landbouwschool) ing Bogor, nama Tuwan Sanyata.

Indonesische Volks-Mulo. Benjing tanggal 15 Juli ing Ngayogya wontên bikakan pamulangan Indonesische Volks-Mulo, kangge nyadhiyani sambêtan wulangan lare-lare saking pamulangan angka 2, lamining sinau 4 taun, bayaranipun sawulan f 2.- Adêging pamulangan punika botên jalaran saking kaslêpêking mangsa ing sapunika, pancèn sampun karancantgkarancang. dangu, prêlu kangge ngajêngakên lare wêdalan saking pamulangan angka 2.

Adêging pamulangan punika nama satunggiling kamajêngan tuwin kasêmbadaning pambudidaya, namung eman dene jamanipun kados makatên.

EROPA.

[Grafik]

Meseum kagunan Asia. Wontênipun ing jagat kilenan ugi botên beda anggènipun ngatingalakên kagunan Asia. Inginggil punika gambar nalika pambikakipun Meseum kagunan Asia ing nagari Walandi. Ingkang mêdhar sabda Burgermeester De Vlugt. Ingkang lênggah saking sisih kiwa mênêngên. Minister Terpstra, wethouder Boekman, utusan Jêpan Naokichi Matsuwaga kalihan nyonyahipun.

--- 676 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

10.

Lêlara saka anggonmu anggagas sing wis ora ana.

Ing sanalika Radèn Sumarta botên mangsuli, mripatipun kêlop-kêlop, wêkasan ngantos ngêdalakên luh. Ing manah karaos kados dipun gugah angèngêti dhatêng Nonah Dhorah. Môngka ing nalikanipun sakit, raos trêsnanipun dhatêng Nonah Dhorah sampun têbih, jalaran saking ngèngêti anggèning Nonah Dhorah tansah nyêrikakên manah, nanging sarêng sampun saras, saha kêtumpangan ginêmipun ingkang ibu, sadaya lêlampahanipun Nonah Dhorah ingkang angèngingi manah, dayanipun malah sakalangkung kêncêng, ngungkuli ingkang sampun, sasolah bawanipun Nonah Dhorah tansah gawang-gawangan kados taksih wontên sapangajêngan.

Ing ngriku lajêng nuwuhakên panggagas, ingkang raos anênandhing dhatêng kawontênanipun Nonah Dhorah kalihan Radèn Rara Sumarmi, panimbangipun: Nonah Dhorah punika pangajaran, mila rêmên ngêgung-êgungakên, sadaya tindakipun mapan, nanging wosipun badhe mikangsalakên murih sagêd wontên nginggil, botênipun makatên, apêsipun inggih sami-sami. Ewadene tumrap Radèn Sumarta inggih taksih muwung, waton anggèning gadhah tindak makatên punika botên ngêsorakên bôngsa Jawi. Inggih botên dados punapa. Eman, dene dèrèng kalampahan dados bojo kemawon, sampun katingal ingipipun rêmên ngrèmèhakên bôngsa Jawi.

Sasampunipun makatên, gêntos anggagas Radèn Rara Sumarmi, pangajaranipun namung sawatawis, kintên-kintên botên badhe ngêgung-êgungakên, lan pantêsipun tiyang jêjodhoan punika pancèn kados makatên. Makatên malih manawi jodho kalihan Radèn Rara Sumarmi, badhe andadosakên sênênging panggalihipun ingkang ibu tuwin sagêd ngêsahakên sawarnining raos nyambut.

Ing salêbêtipun anggagas kados makatên punika, Radèn Sumarta ngantos nangis, makatên ugi Radèn Ayu Prawira inggih lajêng bela muwun, mangrêtos, bilih tangising putra wau jalaran saking kêsupêkan manah.

Radèn Ayu Prawira lajêng ngêngimur: Elinga, gèr, kowe aja anggêtuni sing wis ora ana, kabèh iku mung lagi tinêmu ana ing pangira-ira, durung mêsthi yèn tinêmune ing buri kapenak têmênan. Beda karo bocah kang tak anggo lêlirune, jênêng prasasat anakku dhewe, aku ora kurang dhamang mênyang kaanane, kira-kira bakal gawe kapenaking uripmu. Mula pikirên kang dawa gèr.

Punapa ibu cêtha dhatêng kawontênan tuwin watêkanipun lare wau.

Yèn aku ora wêruh, apa niyat arêp ambalondrongake anak. Kowe rak wis ngrêti yèn bocah mau kaya anakku dhewe. Atimu iku pancèn mung tansah samar.

Samar punapa ta, bu. Ingkang kula bêtahakên namung bab kasabaran, awit mênggahing bab jêjodhoan, kula sampun mangrêtos ingkang dipun wastani awon lan sae, sêsêrêpan kula sampun botên kirang.

O, yèn prakara sabar, Sumarmi pancèn bocah sabar, waton ora kabangêtên bae mêsthi têtêp kasabarane. Kowe ngandêla.

Radèn Sumarta lajêng kèndêl kemawon. Dene bêtahipun Radèn Sumarta pancèn namung pados tiyang sabar tuwin ingkang prasaja. Nanging mênggahing sajatosipun, saupami Radèn Sumarta botên gêgayutan kêpotangan budi kalihan Radèn Ngabèi Mantri Guru, pancèn botên gadhah sêdya badhe rabi. Ewadene sarèhning kêpêksa, dados ing bab watêk sabar tuwin prasaja, punika sampun dipun anggêp dados pangarêm-arêm. Wontênipun makatên, awit Radèn Sumarta ing manah pancèn nêdya angantêpi, botên badhe rabi kalihan tiyang ingkang botên dados manahipun. Radèn Sumarta lajêng mangsuli: Panjênêngan ing ngajêng ngandika, bilih pak mantri guru sampun botên gadhah pangajêng-ajêng. Manawi makatên, dados têtela ingkang gadhah sêdya punika kula.

Bab kuwi ora usah kopikir, Sumarta, aku kang bakal nindakake. Durung mêsthi yèn pakmu mantri guru duwe panggalihan sing ora-ora. Nanging yèn pikiranmu tansah kaya mangkono, pakmu mantri guru panggalihe mêsthi ora rêna. Bêcike kowe ngandêla nyang aku bae, kabèh arêp tak tindakake kalawan prayoga. Murih wakmu mantri ambalèni rêmbug ing ngarêp. Kowe sumurupa gèr, tindak tatacara Jawa iku bêcik, akèh têtuladane.

Inggih bu, kula namung andhèrèk sakaparêng panjênêngan kemawon. Nanging sêsagêd-sagêd, panjênêngan sampun ngêsorakên badan kula.

Ing sanalika ngriku, panggalihanipun Radèn Ayu Prawira lajêng plong, rumaos dipun turut ing putra. (Badhe kasambêtan)

--- 81 ---

Nomêr 21, taun III

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu

Tinêmuning Wêkêl

Candhake Kajawèn nomêr 41

kayune ki sun sigari, sun usungi / mundhung-mundhung, sun tumpuki dadi siji / gèk ibune, ithak-ithik anjupuki / pang-pang garing, diklumpukke dibêntèli //

sabên dina, sadurunge surup surya / idêr tawa, kayu sun jolakên arta / utawane, sun gawa nyang gon wong liya / tak ijolke bêras sangu babad wana //

tunggak godhong, kang wis aking sun sulêdi / awune ki môngka rabuk têmbe buri / kaya ngono sun tlatèni sabên ari / lama-lama wiwit kêna dèn tanduri //

kene jagung wiwit ingsun tanjakake / kono babad, tan kêndhat sun têrusake / kana wiwit, luwangan jêro sun gawe / cikal gêdhang cangkokan sun ceblokake //

kaya ngono saprene gonku nandangi / nora kêmba, malah ingsun sêntosani / najan karang pitung bau wus duwèni / alas kana tak suwun ingsun ayoni //

idhêp-idhêp mèlu ngrêjakke nagari / sing biyène papan pêtêng tur asêpi / ing samangke kêna dèn ênggoni jalmi / tur nambahi asiling pajêg nagari //

kuwi, lo, nak, ugêran sing tak lakoni / mung tabêri gêlêm cincing nambut kardi / sinartanan, tlatèn lan antêping ati / insya allah tômpa wahyuning rêjêki //

mêngko dhisik, ta, nak, wya kêsusu mulih / la, ibune, mêngko rak gêrah pênggalih / najan mulih, nèk wêtêng wis mari ngêlih / krana Allah, lo, nak, aja wigah-wigih //

têka kene carita wis ingsun punggêl / wit kuwatir lamun tyas ana kang anyêl / cêkak aos, kabèh kang marakke pêgêl / ora mêngko, saiki lèhku anjabêl //

Surana, Madiun.

--- 82 ---

Cangkriman

Ana bocah têlu, aran: Kasut, Tambur lan Gunung. Bocah têlu mau kajaba omahe nunggal sakampung, uga murid tunggal sasêkolahan, kathik, iya padha kêlase, ya kuwi padha lungguh ana ing pangkat IV. Mula olèhe mêmitran tansah supêkêt, guyub rukun ora tau sulaya ing rêmbug. Iya bênêr, kadhang kala ya sok padha gojèg, nanging iku rak mung sêmbranan, ta, lumrah ingatase bocah.

Nuju sawiji dina, bubar mangan sore, Tambur kaya adat sabên dolan mênyang omahe Kasut. Têkan ing kono, kok kabênêran Gunung uga wis ana ing kono, dadi saya gumyak olèhe omong-omongan. Dhasar Kasut iku bocah micara, pintêr andongèng sing lucu-lucu, mula guyune bocah-bocah mau ya tansah gar-gêr. Barêng wis kêsêl olèhe padha guyon, Kasut calathu: Ah, tinimbang padha guyon mangkene, lowung ayo padha cangkriman. Aku duwe suwalan rada mêmêt, mêngko badhenên cah loro.

Tambur lan Gunung mangsuli barêng: Iya, ayo. Piye cangkrimanmu.

Kasut muni: Êntènana sadhela, karo mlêbu ing ngomah. Ora suwe bali anggawa pangilon bundêr cilik. Pangilon mau disèlèhake mangkurêb ana ing lêmah, ana ing lêmah, nuli calathu: Cangkrimanku iki rada ora katêmu ing nalar, nanging janji kowe gêlêm mikir, ya mêsthi gampang kacandhake. Mangkene: Jajal kowe ngiloa nganggo pangilon sing dak kurêbake iki, nanging pangilone aja kolumahake.

Tambur lan Gunung plênggang-plênggong, sêmu ora nyandhak marang karêpe Kasut. Kasut iya ngrêti yèn kancane durung mudhêng, banjur calathu manèh: Wis ta, yèn durung têrang: dak balènane, rungokna lan awasna gunêmku: kowe kêna ngilo ing pangilon sing dak kurêbake ing lêmah iki, nanging pangilone ora kêna kolumahake.

Tambur lan Gunung saya plênggang-plênggong, calathune Gunung: Cangkriman kok angèl mên ngene, trima ora bisa aku.

Kasut: Durung-durung kok kôndha ora bisa. Mau mula aku wis crita: cangkrimanku iki rada ora lumrah, nanging janji kowe tlatèn anggolèki, mêsthi gampang kêcandhake. Wis ta pikirên dhisik, anaa, ka: sadina rong dina. Dene besuk yèn wis tita ora bisa, gampang olèhku nuduhi. Saiki sarèhning wis bêngi, padha muliha dhisik, sesuk utawa êmbèn bae yèn wis katêmu êndang kôndhaa karo aku, dak wêruh kapriye pambatangmu.

Bocah loro mangsuli iya, nuli padha bali. Sadalan-dalan tansah anggagas cangkrimane Kasut sing nylênèh mau.

Wusana seje dina ana sing bisa ambadhe, anggone ngilo sarana anjunjung pangilone munggah nganti têkan sadhuwuring sing ngilo, pangilon isih mangkurêb.

Wahab, Tulakan-Pacitan.

--- 83 ---

Ngrewangi Wong Tuwa

Tumrape bocah-bocah, ayake wis lumrah dhêmên ngrusuhi wong tuwane kalane nyambut gawe, nanging sing lumrah bocah wadon, kaya ta yèn êmbokne nuju olah-olah ana pawon, iya banjur milu pêthik-pêthik, yèn andondomi, iya milu dondom-dondom, mangkono sapanunggalane.

[Grafik]

Tindak kaya mangkono mau, tinêmune mung ngrusuhi, nanging yèn dipikir dawa, satêmêne dadi piwulang, awit samubarang sing ditandangi mau, sanadyan ora anaa kadadeane, nanging suwe-suwe yèn kulina, banjur dadi matuh, bocah dhêmên nyambut gawe, lan mêsthine saya mundhak umure, iya banjur mangrêti têmênan.

Akèh bae bocah isih cilik wis bisa ngrewangi wong tuwa, sapa sing wêruh padha milu ngalêm, lan mungguhing wong tuwa, adhakan bangêt kêpêksa kongkon anake ing kalane ana pagawean sapele, kang kêna ditindakake ing bocah cilik. Kaya ta wong tuwa nuju linggihan, banjur kongkon anake, kon anjukuk rokok utawa pakinangan. Tumrape bocah sing dikongkon ora sapira rêkasane, nanging tumrape wong tuwane banjur bisa udut sênthor-sênthor utawa susur anjêngil.

Tindak kang kaya mangkono kuwi ora mung tinêmu ing bôngsa Jawa, sanadyan bôngsa apa bae iya padha nindakake. Gilo padha andêlênga noni-noni ing nagara Walônda nalika nuju padha ngangsu ngrewangi biyunge. Tinêmune mangkono, ora liya jalaran saka kulina dhêmên rêrewang wong tuwa, dadi anggone têtulung pagaweaning biyung mau, kajaba saka kulina, uga jalaran kêtuwuhan trêsna mênyang wong tuwa, nanging bocah-bocah, mêsthine kowe padha nganggêp anèh, awit ing pangira, akèh bocah sing durung wêruh noni ngangsu. Coba, tamatna.

--- 84 ---

Trêsna Bapa

Sambungane Kajawèn nomêr 41

VII. Ambadhe cangkriman kapisan

[Pocung]

esuk-esuk, wayahe jago kaluruk / dibarêngi adan / senggot-senggot pating glêrit / kabèh kaya ngelingke wong sanagara //

esuk mau, akèh wong padha malêbu / sowan ing sang nata / kabèhe padha prihatin / saka ngrêti bakal ana kasusahan //

lan sang prabu, ing galih katon ing sêmu / yèn angraos susah / saka wis kêrêp ngalami / nguningani ana pati siya-siya //

andhêkukul, êluhe ketok marêntul / saya barêng priksa / sowane Wêlas katitik / kaya uwong marani goning pasiksan //

wise lungguh, akèh uwong aruh-aruh / kang arasa wêlas / awit mêngko mêsthi mati / nanging Wêlas têtêg ora apa-apa //

ngono mau, gawe gumune sang prabu / ing galih angira / yèn mung saka ora ngrêti / yèn ngrêtia mokal yèn ta mangkonoa //

sang aprabu, tumuli alon andangu: / hèh bocah nonoman / sira apa nyata wani / angayoni ambatang cangkriman samar //

amêcucu, Wêlas matur lan angguyu / ah, ajrih punapa / namanipun cobi-cobi / yèn lêpata sampun nama bêgja kula //

nuli jêdhul, sang putri amiyos nusul / lênggah jèjèr rama / akèh kang anggrubyug buri / lan anggawa ampilan awana-warna //awarna-warna.

wong sing wêruh, mripate padha ngêmu luh / saka samar uwas / awit Wêlas mêsthi mati / môngsa dadak mêngko umura sadina //

ing dhèk mau, cêp tanpa swara kêrungu / nadyan gêgodhongan / ora obah tanpa angin / suwaraning godhong sing tiba kêmrosak //

sang aprabu, tumuli alon andangu / nini karsanira / gonira arêp nyangkrimi / ing samêngko ayo nuli wiwitana //

lan angguyu, sang putri ketok ing sêmu / bangêt luwih bungah / dene arêp gawe pati / nanging uga nglairke têmbung pangeman //

gone dhawuh: mêngko ingsun paring wêruh / wong anom rungokna / lan pikirên bêcik-bêcik / aja nganti nêmu pati siya-siya //

aja ewuh, yèn ta pancèn ora saguh / wis bêcik mundura / emanên nyawamu siji / ewuh apa wong ngeman nyawa padaman //

sêrêng nêpsu, Wêlas amangsuli sêru / botên ewuh-ewuh / kula dhatêng pati wani / yèn pêjaha malah anglêburkên dosa //

ngriku sampun, kadhawuhna: kajêngipun / yèn pambadhe kula / pancèn lêpat inggih pasthi / gulu kula pêdhot panjênêngan asta //

kabèh gumun, lan sang putri iya ngungun / nuli angandika: / coba rungokna saiki / lah badhenên sun iki ambatin apa //

wong sing ngrungu, nganti grênggêng nywara sêru / e lah katiwasan / saiki mêsthi jeleding / ora wurung bakal mêruhi gantungan //

lan angguyu, Wêlas anyawang sang ayu / amangsuli cêtha: / yak kang panjênêngan batin / botên liya amung sangsangan punika //

gone matur, Wêlas karo kukur-kukur / sabanjure kôndha: / ta ing mangke kadospundi / badhe selak sampun ta môngsa sagêda // Ana sambungane.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]