Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-07, #1647

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1932, #1647
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-01, #1647. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1470.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-02, #1647. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1471.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-03, #1647. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1472.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-04, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1473.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-05, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1474.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-06, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1475.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-07, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1476.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-08, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1477.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-09, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1478.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-10, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1479.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-11, #1647. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1480.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-12, #1647. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1481.

Ôngka 54, 30 Sapar Dal 1863, 6 Juli 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [837] ---

Ôngka 54, 30 Sapar Dal 1863, 6 Juli 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pèkcun ing Bantên - Ringkêsaning Kawruh Padhalangan - Bab Wilujêng - Pawartos saking Administrasi lan Redhaksi - Sakatèn (Suka Ati) - Kawontênan ing Bophên Dhigul - Nagari Walandi - Adpêrtènsi - Katur Redhaksi Kajawèn ing Bale Pustaka - Têtandhingan Motrèt - Darmawisata (picnic) ingkang Kathah Pambênganipun - Jaarbeurs ing Bandhung - Kabar Warni-warni - Wêwaosan.

Pèkcun ing Bantên

[Grafik]

Sawangan ing salah satunggaling lèpèn nuju wontên karamean pèkcun ing tanah Jawi Kilèn, Bantên.

--- 838 ---

Kawruh Padhalangan

Ringkêsaning Kawruh Padhalangan Ringgit Purwa ing Surakarta

Sambêtipun Kajawèn nomêr 53.

Udawa: Hèh, bocah Dwarawati, apadene bocah Mandura.

Punggawa: Kula, kula, kula.

Udawa: Ingkang Sinuhun Mandura arêp tindak saiki lêrêm marang pasanggrahan Randhu Gumbala. Sarta Radèn Kadipatèn arêp tindak marang Endraprastha, diutus ingkang rama. Para wadya punggawa kang sikêp prajuritan apa wus samêkta.

[Grafik]

Patih Udawa

Punggawa: Kula nuwun, sadaya sampun rumantos, namung ngêntosi timbalanipun kyai lurah.

Udawa: Iya samêngko tatanên. Budhale ngêntènana têngara, yèn wus bêndhe kaping têlu, panganjuring laku banjur budhalna.

Punggawa: Nuwun, dhatêng sandika.

Udawa: Amrih sêmuwane nganggoa satataning gêlar prang, yèn ana pakewuh supaya ora kuthetheran.

Punggawa: I, kula nuwun inggih. Cumadhong dhawuhipun kyai lurah mawi gêlar punapa.

Udawa: Sajêroning praja nganggoa makara byuha, sajabaning nagara nganggoa bajra tiksna lungid.

Punggawa: Nuwun dhatêng sandika.

(Udawa wangsul, ada-ada Astakuswala agêng).

Baladewa: Udawa, kêpriye bocahmu kang bakal lumaku pasisiran.

Udawa: Kula nuwun, sampun samêkta, bidhalipun namung ngêntosi dhawuhipun gusti kula ingkang sinuhun.

Baladewa: Iya, aku budhal saiki bae. Mara, banjur prentahna nêmbang têngara.

Udawa: Nuwun sandika.

(Udawa mêdal, ada-ada têngaran).

Baladewa: Sômba, ayo budhal saiki.

Sômba: Nuwun, dhatêng sandika.

(Nyandhak ucap-ucapan nêdhani gêndhing kapalan).

--- 839 ---

4. Ginêm rampogan

Mara, mara, mara, mara. (Suwaranipun agêng alit).

Êlo, apa kônca, pangarêpe laku kok mandhêg tanpa antara. Apa ana baya pakewuh.

Ora, kônca.

I, dene sêmbrana mlaku padha ora manut tata, akèh gaman ligan pating crongat mangkene têka padha sêmbrana.

E, ora sêmbrana mangkono, mara awasna dalan ngarêp iki. Bakal diambah gêgaman gêdhe lan upacara kaprabon, môngka dalane rusak bangêt, akèh prabatang malang, rawe-rawe bondhot karo rêrunggut.

Wo, lah iya, kêpriye prayogane, apa ngatas nyuwun dhawuh kyai lurah.

E, aja mangkono, priyayi gêdhe akèh sing digalih, barang mangkene wae têka ngaturi uninga. Ayo, padha dirampungi dhewe.

E, lah iya yèn mangkono. Kônca kalanggowong, margôngsa, jlagra, selakrêti padha kon sikêp gêgamane, wadung, pêthèl, pecok, dhandhang, arit bapang, linggis, suwan, bêndho bodhing, gaman prajuritan iki padha diringkêsi. Mung sing nunggang jaran sikêp pêdhang, kon natasi bondhot ing dhuwur.

Lah iya wis prayoga kônca, ayo padha tumandang. Rawe-rawe rantas, malang-malang putung.

Dawêg, dawêg, dawêg, dawêg.

Bab ringkêsaning kawruh padhalangan ing Surakarta punika mugi sampun dados cuwanipun para maos, wêkdal punika kula kèndêli. Mangke têmbenipun manawi wontên môngsa kalanipun malih inggih sumêdya kalajêngakên sadumuginipun. Makatên punika botên awit saking punapa, namung jalaran padamêlan nuju kathah punapadene jalaran sadhèrèk Wiradat sapunika wangsul dhatêng Surakarta.

Bab Wilujêng

[Asmaradana]

Sadèrèngipun miwiti / punapa kang badhe kula / aturakên ing samangke / langkung dhihin mugi karsa / ngêgungkên pangaksama / bilih awon ingkang têmbung / lan kiranging tatakrama //

utawi drênging pamikir / sanajan taksih kuciwa / mênggah kasagêdan mangke / kang mêdal saking pangripta / yèn badhe kasamèkna / kalawan para linangkung / nyamut-nyamut antaranya //

e inggih mung kangge isi / Kajawèn kang ambêk darma / paring papan sacêkape / kang badhe kula aturna / ngarsaning pra nupiksa / wilujêng kang dados baku / kabêtahaning agêsang //

ayu kang samya dèn udi / pundi margining raharja / lan kadospunapa mêne / kathah praja angupaya / wilujêng mawi srana / kados ta yèn kapinuju / gadhah damêl damêl griya //

--- 840 ---

awoning dintên sinirik / kalayan nyaosi dhahar / Ki Jayuda karêmane / wedang bubuk lan dhaharan / jadah bakaran miwah / impling benggol datan kantun / benggol kêdah kaênjêtan //

janjine pados basuki / mawi srana tan mêkakat / mêksa tinêmpuh tan mèngèng / yèn kagalih kang têmênan / tamtu kathah salahnya / nanging bab kados puniku / sampun mlêbêt adat kita //

gih lêpata kadospundi / katutupan dening limrah / tamtu lêpat datan katon / lan ing ngriki lajêng têrang / janma tan gadhah arja / wilujêng kêdah dèn suwun / tumbas awis yèn parênga //

nanging wilujêng tan kenging / tinumbasa mawi arta / wilujêng kaparingake / wilujêng ingkang gandhengan / lan kabêtahan kita / wilujêng sêsemahipun / wilujênging sêsrawungan //

pan wontên wilujêng malih / wilujêng ing padamêlan / sampun pantês panggenane / wilujêng ingkang sajuga / katanggêl dening priya / binantu ing putrinipun / nagri pami sêsemahan //

arjaning nagri kang mêsthi / katanggêl dening ratunya / binantu patih samine / patih nindakkên sadaya / karsanira narendra / pêpatih ingkang pinunjul / ruwêt rêntêng wus kaasta //

jane nagari puniki / ratu lan patih tan pisah / êmbat-batan salamine / tata têntrêm lan raharja / kang tansah ingupaya / mamrih majêng nagrinipun / ingkang gandhèng lawan jaman //

ngaturkên wilujêng malih / wilujênging sêsrawungan / mathuk ngagêm andhap asor / lan malih raharjanira / mênggahing padamêlan / ingkang kumêdah kasuwun / trêsna mring samining kônca //

yogya makatêna yêkti / yèn suwunga ing katrêsnan / tamtu nylèwèng ing samangke / wilujêng kang dèn upaya / amung badan priyôngga / mrih dèn lêm pangagêngipun / kônca pêjah tan rinêmbag //

kang wilujêng warni katri / wilujênging sêsemahan / wilujênga srawungane / wilujêng ing padamêlan / yèn tiga pinanggiha / sampurna ing gêsangipun / kang dèn upaya katêkan //

karya panutuping tulis / supados trang sadayanya / kula badhe ngaturake / juru wilujêng andika / trêsna samèng tumitah / kaya dene mring badanmu / trêsnane kudu sing padha //

titi mangkya dèn pèngêti / Ngahat Kaliwon dintênnya / wulan Sura ing tanggale / salikur ing taun Êdal / sèwu wolung atus lan / sawidak tiga winuwus / mung punika atur kula //

Mevr. Suraji, Langênarjan, Ngayogya.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 1604 ing Glugur (Medhan), panjênêngan kalintu tampi. Lêrêsipun kagêm priyantun kalih (K 1604 saha K 2425) namung kirang f 2.50. Samangke rèhning sampun kalajêng maringi wisêl f 4.50 dados langkunganipun ingkang f 2.- punika, lajêng kalêbêtakên pambayaran taun 1933 nyarupiyah edhang. Kauningana.

Lêngganan nomêr 2048 ing Panjalan. f 3.- sampun katampi.

Lêngganan nomêr 5629 ing Klathèn. Dèrèng rampung.

Lêngganan nomêr 3919 ing Lawiyan. Dèrèng kadamêl.

Lêngganan nomêr 3399 ing Brêbês. Dumugi Oktobêr.

Pawartos saking Redhaksi

Tuwan P. ing Kêdhangkrang. Panjurung panjênêngan punika sampun kalêbêt ing buku Bale Pustaka.

Lêngganan nomêr 2100 ing Ngayogya. Waosan Rajaputri Seba dèrèng kawêdalakên.

--- 841 ---

Raos Jawi

Sakatèn (Suka Ati)

Benjing ing dintên Sênèn Lêgi tanggal kaping 11 Juli 1932, sarta kaping 5 Mulud Dal 1863 wanci jam kalih siyang, kagungan dalêm gôngsa Suka Ati nèm sêpuh kawiyosakên, dhumatêng bangsal pagongan lèr kidul ing Masjid Agêng, Surakarta. Jam 4 sontên wiwit tinatab mungêl angarangin rintên dalu, dumugi ing dintên malêm Sênèn Pon malêm Garêbêg, jam 1 dalu. Kèndêl jam 2 gôngsa sami kakondurakên, awit enjingipun badhe kawiyosakên urmat Garêbêg Mulud Dal, wontên ing dintên Sênèn Pon wau tanggal kaping 18 Juli, saha kaping 12 Mulud Dal. Wigatinipun sadaya punika prêlu angurmati tingalan dalêm Gusti Kangjêng Nabi Mukhammad Rasullolah. Amila ing dalu malêm Sênèn Pon punika ing surambi dalêm sami maos Maulud Nabi, sarpul anam lagu Jawi laras slendro, anglastarèkakên panggubahipun para panjênêngan wali sanga, marêngi jumênêngipun kraton ing Dêmak, taun Jawi, tinêngêran (gêni mati siniram ing jalmi) 1403.

[Grafik]

Masjid Agêng ing Surakarta.

Ha. Asli gôngsa Suka Ati cacah 5. Mirit rukuning Islam gangsal, 1. maos sahadat, 2. salat gangsal waktu tuwin salat Jumngah, 3. siyam Ramlan, 4. jakat, 5. minggah kaji dhumatêng Mêkah, sarta sowan jiarah ing Madinah.

Na. Cacah gôngsa wau, 1. kênong, 2. kêmpyang, 3. dêmung, 4. ricikan, 5. bêdhug.

Ca. Asli gêndhingipun amung tiga. 1. rambu, atêgês, robbul ngalamin (Gusti Allah) kang mangerani alam sadaya. 2. Rangkung atêgês (arrohmanirrokim) Gusti Allah ingkang sipat asih ing donya tur Maha Asih ing akerat. 3. Sumiring, atêgês, para kawula sami wajib sumarah ing takdiripun Gusti Allah dzat ingkang Maha Kuwasa, sarta atêgês Gusti Allah, 2. Mukhammad Rasullolah, 3. eyang kita Kangjêng Nabi Adam.

Amung punika anyumanggakakên.§ Lêrês lêpating andharana punika kasumanggakakên.

Pr. P.

--- 842 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Kawontênan ing Bopên Dhigul

Sambêtipun Kajawèn nomêr 52.

Ing wulan Agustus, wontên tiyang bucalan sawatawis ingkang manggèn ing kampung A pindhah ing kampung C saha B.

Pakabaran punika dumugi wêkasaning wulan Oktobêr botên anocogi, malah ngantos wulan Nophèmbêr botên wontên kabar kamardikan. Ing wulan punika ing kampung A kawêwahan jiwa malih, inggih punika wontên tiyang bucalan ingkang sawêg dhatêng manggèn ing kampung punika. Tiyang bucalan ingkang gêgayutan pakêmpalan P.A.R.I. (Partij Asosiatie Republiek Indonesia) saha têtiyang ingkang nêmbe luwar saking ukuman, ing salêbêtipun kaukum sampun tampi nawala kêkancingan pambucalan.

Ing salêbêtipun wontên orêg-orêgan badhe wontên kamardikan ing wulan Oktobêr, saha ing wulan Nophèmbêr dèrèng wontên punapa-punapa, punika ing wulan Nophèmbêr wontên kadadosan ingkang ragi anggumujêngakên, inggih punika:

Wontên satunggaling tiyang bucalan asli saking Gorontalo, nama Haji Sanusi, piyambakipun punika rêmên gêgojegan. Piyambakipun punika anggadhahi kapitadosan dhatêng salah satunggiling tiyang bucalan nama Abdul Karim ingkang dados pangajêng kaum bêrah Tanah Merah. Ing satunggiling wêkdal Haji Sanusi dolan dhatêng griyanipun sadhèrèk Abdul Karim. Wosipun ingkang karêmbag dening Haji Sanusi kalihan Abdul Karim punika prakawis kamardikan ingkang kaping tiga. Sanadyan Haji Sanusi punika dhatêngipun ing Tanah Merah dèrèng wontên kalih taun, sampun anggadhahi manah kapengin badhe wangsul dhatêng tanah wutah rahipun, manawi wontên tiyang ngabarakên wontên wara-wara, saking pamanggihipun Haji punika sampun tamtu sêrat wara-wara anêrangakên namaning têtiyang bucalan ingkang kamardikakakên.

Anggènipun wicantên sadhèrèk Haji Sanusi kalihan sadhèrèk Abdul Karim punika dintên Rêbo tanggal 11 Nophèmbêr 1931. Sadhèrèk Abdul Karim cariyos bilih benjing Sênèn tanggal 14 punika badhe wontên sêrat wara-wara. (Botên katêrangakên wara-wara punapa).

Sadhèrèk Haji Sanusi mirêng têmbung wara-wara saking sadhèrèk Abdul Karim punika lajêng cariyos dhatêng mitra-mitranipun, manawi ing benjing Sênèn ngajêng punika badhe wontên sêrat wara-wara anêrangakên namaning têtiyang bucalan ingkang kamardikakakên.

Dumugi ing dintên Sênèn pancèn inggih lêrês wontên sêrat wara-wara, ananging wara-wara badhe wontênipun gambar idhup. Ing dintên Sêlasa têtiyang ingkang pitados dhatêng omonganipun Haji Sanusi lajêng sami pitakèn dhatêng sadhèrèk Haji Sanusi, piyambakipun nyariyosakên bilih ingkang cariyos punika sadhèrèk Abdul Karim. Sadhèrèk Abdul Karim dipun pitakèni dening kancanipun amangsuli bilih botên cariyos dhatêng sadhèrèk [sadhè...]

--- 843 ---

[...rèk] Haji Sanusi ing bab sêrat wara-wara ingkang angêwrat namanipun tiyang bucalan ingkang kamardikakakên, ananging cariyos bilih ing dintên Sênèn badhe wontên sêrat wara-wara, namung bokênbotên. katêrangakên sêrat wara-wara punapa punika. Môngka pikajêngipun sadhèrèk Abdul Karim inggih punika sêrat wara-wara gambar idhup.

Ing wulan Dhesèmbêr taun 1931 raosan kamardikan sampun têntrêm. Dumadakan botên wontên kabar punapa-punapa, ing dintên Jumuwah, tanggal kaping 22 Januari 1932 ing wanci enjing jam 7 wontên timbalan inggih punika panjênênganipun wadana amaringi priksa dhatêng têtiyang bucalan ingkang tumut kamardikakakên ingkang kaping tiga.

Wontênipun kamardikan ingkang kaping tiga punika, kawontênan ing kampung rame sangêt. Inggih punika ramening têtiyang ingkang tata-tata badhe wangsul dhatêng tanah wutah rahipun, saha têtiyang bucalan ingkang dèrèng kamardikakakên, ingkang manggèn ing kampung sami pindhah dhatêng kampung C saha B.

Ing nalika kamardikan kapisan saha kaping kalih punika pindhahipun têtiyang bucalan ingkang kantun sasampunipun têtiyang ingkang kamardikakakên sampun kawangsulakên sadaya dhatêng tanah wutah rahipun, ananging kawontênanipun kamardikan ingkang kaping tiga punika botên makatên. Badhe kasambêtan.

Aris Munandar.

[Grafik]

Gambar gêdhong ingkang inggil sisih têngên inggih punika ingkang nama Het Witte Huis, ing Rotêrdham.

--- [844] ---

[Iklan]

--- 845 ---

Batawi Sèntrêm, 30 Juni 1932

Katur Redhaksi Kajawèn ing Bale Pustaka

Kula nuwun, ing Kajawèn nomêr 52 tanggal 29 Juni kaca 810 wontên karanganipun sadhèrèk nama Martasutrasna. Wosipun, kajawi bab sanès-sanès, angaosi dhatêng tiyang sêpuh kula, Radèn Mas Tumênggung Purbadipura, ingkang sampun tilar donya.

Kula nuwun, ingkang makatên punika kula, pun Purbacaraka, minôngka wakil warisipun tiyang sêpuh kula ingkang sampun tilar donya wau, matur sakalangkung nuwun katur dhumatêng sadhèrèk Martasutrasna. Namung sarèhne kula botên sumêrêp dhatêng adrèsipun sadhèrèk Martasutrasna, manawi redhaksi Kajawèn kêparêng, kula nyuwun tulung, karsaa anglantarakên atur panuwun kula wau. Ing sadèrèngipun kula matur nuwun dhatêng redhaksi Kajawèn.

Bab Sêrat Hariwara, kaparênga kula têrangakên kados ing ngandhap punika:

Anggènipun bapa kula andamêl Sêrat Hariwara, punika sampun lami. Kala samantên Sêrat Hariwara mawi sêkar, punika dipun aturakên dhatêng redhaksi Tijdschrift Waradarma, redhakturipun gancaran: (suwargi) Mas Ngabèi Wirapustaka. Sêkaran: Mas Ngabèi Rêksadipraja, samangke Kangjêng Radèn Tumênggung Suradipura, supados dipun mot.

Kadospundi nalaripun kula sampun kêsupèn, sêrat wau sarêng sampun sawatawis wulan dipun wangsulakên dhatêng bapak. Ing wusana botên dangu lajêng mêdal Sêrat Hariwara gancaran, kadhapur pawicantênan, mawi satunggal kalih panggenan ingkang mawi sêkar, kaêcap ing pangêcapan Budi Utama ing Surakarta, taun 1916. Kados ing ngandhap punika titêlipun: Sêrat Hariwara (Petangan dintên) karanganipun Ki Padmasusastra, Ngabèi Wirapustaka ing Surakarta. Kaêcap ing pangêcapan N.V.B.O. Surakarta, taun 1916.§ Sampun dipun tawèkakên ing omslag Waradarma No.2 tanggal 15 Sapar Je 1846 (1915).

Bab punika kala samantên badhe dipun lokakên saprêlunipun, nanging angèngêti prakawis kathah, pinanggihing rêmbag: sampun dipun caosakên Ingkang Kuwaos (Gusti Allah) kemawon.

Ing samangke wontên sadhèrèk ingkang sajakipun badhe ngêcapakên Sêrat Hariwara damêlanipun bapak wau, kados ingkang kamratelakakên ing Kajawèn kasêbut ing nginggil. Redhaksi Kajawèn mawi maringi onderschrift makatên:

Sêrat Hariwara wau prayogi kakintuna, redhaksi badhe nyumêrêpi salêsihipun, punapa Sêrat Hariwara wau botên kados ingkang sampun [sampu...]

--- 846 ---

[...n] kawêdalakên ing pangêcapan sanès. Manawi pancèn botên wontên pakèwêdipun, ugi badhe kapacak ing Kajawèn.

Mênggah punika atur kula, pun Purbacaraka, warisipun R.M.T. Purbadipura, kula botên suka bilih Sêrat Hariwara damêlanipun bapak dipun dalakên ing tiyang sanès, botên mawi nêdha palilah dhatêng kula, kalayan rêmbag ing saprayoginipun. Wondene atur kula punika alêlandhêsan: Auteurswet 1912, wet van 23 September 1912 (Ned. Statsblad 318), houdende eene nieuwe regeling van het auteursrecht (S. 1912 no. 600 laatstelijk gewijzigd bij S. 1931 no. 323) ing Koster-dekker Handboek voor Politie Ambtenaren (Eerste druk, drukkerij "Patria" Soekaboemi) kaca 795 salajêngipun.

Wasana sadaya wau mugi andadosna kawuninganipun redhaksi Kajawèn.

Saking kula, Dr. Purbacaraka.

Bab ing nginggil punika mugi andadosna uninganipun sadhèrèk Martasutrasna. Tuwin kaparênga paring katrangan ing saprêlunipun.

Red.

Têtandhingan Motrèt

[Grafik]

Gambar ing potrètanipun Tuwan J.C. Bartelomy ingkang sampun angsal pamênang ingkang nuju dipun wontênakên têtandhingan motrèt wontên ing Betuwe nagari Walandi.

--- 847 ---

Buku Pèngêtanipun Petruk

Darmawisata (picnic) ingkang Kathah Pambênganipun

I

Jajal sapisan kiyi aku tak cara Lônda, ethok-ethoke gawe pèngêtan anggonku lêlungan mênyang Bandhung kala dina Sabtu kang kapungkur, reka-rekane cara bêndara priyayi arêp mriksani yarbèrês (jaarbeurs).

[Grafik]

Sadurunge aku pangkat, aku kok kèlingan sawijining piwulang, êmbuh piwulange sapa, lo, kuwi unine mangkene: sing sapa trêsna nyang bojone, kudu ditinggal nyang omah bae.

Piwulang kiyi nèk tak gagas-gagas mula iya ana bênêre, nanging iya mung tumrap wong wadon sing sabangsane Makne Kamprèt, dudu tumrap wong wadon sing wis anduwèni ancas: wawênange wong wadon apês ambalêbês kudu dipadhakake karo wawênange wong lanang. Tumrap para wanita kiyi, piwulange iya mêsthi kudu beda, sèh, iya iku mangkene upamane: sing sapa trêsna nyang bojone, kudu... ambangun turut saprentahe.

Anggonku duwe gagasan, manawa piwulang sing kasbut dhisik, ana bênêre, awit bôngsa Walônda bae wis ngarani yèn wanita kuwi diarani: het zwakke geslacht têgêse: bôngsa sing ringkih, dadi apa-apane iya ringkih, nanging iya mung wong wadon bangsane Makne Kamprèt, kaya ta: badane iya ringkih, sanadyan anggone main sêporêt ora ana lèrène, yaiku: main tènis, korêp bal, malah playon barang, mung bae wujude rada beda sathithik. Kaya ta: main tènis (bal tamplèk) cara Makne Kamprèt, malah saya nguwatake otot, jalaran carane namplèki kudu luwih kuwat, yaiku... anggêblègi kasur, gantine main korêp bal... napèni bêras, mung playone kuwi tiba kadhang kala bae, yaiku ngêmungake

--- 848 ---

manawa... kabêlêt bangêt.

Atine, pikirane, ning kiyi mung tumrap Makne Kamprèt bae, iya ringkih, têgêse: ora kêna wêruh bêbaya utawa apa-apa sing nguwatiri sathithik, sanalika banjur ngadi-adi, yaiku banjur ngrangkul dhikêp nyang aku karo mingsêk-mingsêk mangkene: hih, hih, mas, aku wêdi. Tak arani pikirane ringkih, jalaran wêruh apa-apa apik sathithik bae, iya banjur sênggruk-sênggruk mangkene: hêk, hêk mas, aku tokokake kae. Jalaran saka iku mau kabèh, mula iya ana bênêre piwulang ing dhuwur, yaiku: sing sapa trêsna nyang bojone, kudu ditinggal nyang omah.

Awit saka gagasanaku sing mangkono mau, mulane pamitku nyang Makne Kamprèt anggonku arêp darmawisata nyang Bandhung sarana nunggang otobis, iya mangkene: dhiajêng Makne Kamprèt, têka kaya mangkene rasane wong sing kudu nglakoni ayahaning nagara, kudu ora kêna ngèlingi nyang abot, rêkasa apadene ambêbayani. Anggonku ngomong mêngkono mau nganggo tak saranani iku tak bêsêngut-bêsêngutake sajak wong sing kapatèn êmbahne kae. Êmakne Kamprèt banjur pitakon kanthi gugup: Ana pa ta, mas, mas, mas. Tak katon-katonake yèn aku susah bangêt. Aku mangsuli mangkene: Saka dhawuhe lurahku mêngko jam 2 kiyi aku barêng-barêng karo kônca 20 kudu pangkat-pangkat nyang Bandhung nunggang otobis. Adhuh, rasaning atiku kaya dirontog-rontoga, dene kudu pisah karo kowe. Makne Kamprèt banjur ngrangkul nyang aku karo calathu mangkene: O, mas, ambok aja digawe susah-susah, ênya, tak sangoni f 25.- ana ing Bandhung atimu ambok iya kok sênêng-sênêng.

Saka bungah lan sênênging atiku, dene Makne Kamprèt ora rèwèl kêpengin diajaki, thik kêwuwuhan aku disangoni f 25, mèh bae aku kêjodheran. Nèk tak pikir-pikir, mula iya ora kêna dipaido, dene sok ana wong wadon rêrasan mangkene: wah, wong lanang, anggêre arêp olèh, anggone pintêr bangêt ngasih-asih, nganti kiraku bisa ngruntuhake atine... kirun wanakirum têmênan. Jalaran saka iku, mungguhing panêmuku mulane kumpulane wong lanang kabèh bae, wajib matur sêmbah nuwun marang Sing Kuwasa, dene sing diudi dening pargêrakaning para wanita dhuwur-dhuwure mung arêp anjaluk dipadha wawênange karo wong lanang. Dadi ora pati andadèkake sabab, tumrape wong lanang rak luwih rêkasa manèh, saupama bêrgêrake kabèh kumpulan wanita kuwi wis sarujuk êmoh... ngliwêt.

Kira-kira mangsane otobis têka, atiku wiwit trataban, awit yèn Makne Kamprèt wêruh manawa sawênèhing kônca sing arêp mèlu nyang Bandhung, ana sing sakalihan, têmtune iya bakal beka. Mulane Makne Kamprèt banjur tak êrih-êrih mangkene: Wis, ta, makne, ambok mapan-mapan turu, ora prêlu nguntabake aku, sabab yèn kowe katon bae, kiraku aku ora mêntala ninggal. Makne Kamprèt iya banjur mangsuli iya, iya, mas, andhèrèkake sugêng, poma, [po...]

--- 849 ---

[...ma,] lo, mas, nang Bandhung aja digawe susah-susah, disênêng-sênêngake atine. Aku banjur calathu manèh: Bangêt trimaku, makne, ewasamono kiraku iya ora bakal bisa sênêng têmênan, awit wong ora karo kowe. Nanging ing batinku: wah nang Bandhung bakal katog sênêngku, awit wong iya bakal ora ana sing ngrêrusuhi.

Kira-kira jam 2 luwih sêprapat, otobis sing bakal dak tunggangi wis têka ing ngarêp omahku, ing kono katon ana priyayi putri loro sing bakal mèlu. Sauwise aku nginguk apa Makne Kamprèt wis mapan turu apa durung, sabanjure barêng wis cêtha yèn makne ora wêruh, aku banjur enggal-enggal mêncolot nang otobis kambi ngabani: purit, pul sêpid (vooruit, ful-spead). Otobise iya banjur tumuli dirikatake. Wah, rasaning atiku kala samono prasasat kaya manuk sing mêntas diêculake saka kurungan têmênan, utawa jaran luwar saka gêdhogan, dadi sajake bisa sakarêp-karêp. Malah ing pangrasa, sanadyan rambutku wis nyambêl wijèn, têgêse: sing putih lan sing irêng wis barêng-barêng padha nganakake konggrès, mêngkono uga untuku wis akèh sing pêrlop bètên bêswar, iya kaya jaka manèh, sabên-sabên dhèsiku tak sawang, nèk-nèke mèncèng. Saka bungah-bungahe, suwe-sumesuwe-suwe. aku ora bisa ngêngkên manèh, mulane banjur tak wêtokake sarana tak têmbangi mijil kêthoprak, mangkene:

ing nalika awak ingsun mijil / arasa sumêdhot / eling wong sing kèri ngomah dhewe / aku nganti krasa mrêbês mili / nanging wise têbih / sun bisa angguyu //

gagasanku tansah salin-salin / mêngko aku wêroh / wong sing sripit-sripit lembehane / dhasar rada kaduk sêlop jinggring / prasasat Srikandhi / harak mati aku //

sanadyana mataku wis arip / mêsdhimêsthi. bakal mlolo / nonton wayang wong bêcik lakone / saupama aku dikon mati / mêksa arêp pamit / nyuwun panjang umur // Badhe kasambêtan.

Jaarbeurs ing Bandhung

[Grafik]

Ing nalika bikakipun Jaarbeurs ing Bandhung, dipun rawuhi ing para agêng nagari saha sanès-sanèsipun.

--- 850 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI.

Directeur Mulo darma Stichting ing Jombang. Ir. Hoo Kong Hoen, asli diploma saking Delft tuwin Bandung, kaangkat dados Directeur Mulo Darma Stichting ing Jombang.

Pamulangan adan-adan enggal, ingkang angsal pangajêng kados makatên punika, têmtu adamêl pamarêm. Nanging tumrap pamanahaning ngakathah, têrkadhang inggih ngawontênakên panyêda. Makatên punika namung kasumanggakakên.

[Grafik]

Perguruan Pemimpin ing Ngayogya. Padvinder Hizbul-Wathan ingkang ngêdêgakên Perguruan Pemimpin ing Ngayogya, mêntas ngêdalakên para neneman ingkang lulus saking pasinaon wau. Gambar inginggil punika gambaripun para neneman ingkang sami lulus. Ingkang ngadêg saking kiwa: 1. Marwoto (Sukarêja), 2. Adnan (Cilacap), 3. Hizam (Borobudur), 4. S. Bayasyud (Rêmbang), 5. Rasul (Pamêkasan), 6. Abd. Aziz (Seengkang). Ingkang linggih saking kiwa manêngên: 1. Taif (Makasar), 2. Yusuf (Minangkabau), 3. Dumairi, Guru P.P., 4. Arfobi (Seekang), 5. Sukarjono (Ngayogya).

Pangiridan pakaryan candu ing Jawi Wetan. Wontên pawartos, pakaryan candu ing Jawi Wetan badhe nindakakên pangiridan f 30.000.- sarana nyuwak griya panyadean candu sawatawis panggenan, lajêng kagamblokakên.

Sudaning griya panyadean candu atêgês sudaning punggawa, têmtu adamêl dhêg-dhêganipun ingkang badhe kadhawahan dhênggung.

Pabrik sês krètèk Astrakara darma arta. Kawartosakên, bangsa Tionghoa ingkang gadhah pabrik sês krètèk Astrakara ing Kudus darma arta dhatêng Gêdhong Nasional f 125.- sami ing Surabaya.

Kadarman ingkang kados makatên punika sintên kemawon têmtu ngalêmbana. Sintên ingkang angsal pangalêmbana, tamtu dhangan gadhah tindak kados makatên punika, nanging utami-utamining utami, botên kados darma ingkang tanpa ngarah pangalêm. Punapa kados punika ingkang murugakên angèl.

Kweekschool enggal ing Surabaya. Jalaran saking kathahing murid ingkang botên katampèn wontên ing Kweekschool Guprêmèn, makatên ugi Kweekschool Zusters Ursuline inggih mangsulakên murid, saking kêkathahên, Christelijke Mulo ing Embong Wungu lajêng ambikak Kweekschool enggal, wulanganipun sami kalihan Kweekschool Guprêmèn.

Saking pêpêting papan pangajaran, wohipun malah ngobètakên, dados mrojol saking pangintên.

Nglêrêsakên kalêpatan. Redaksi Kajawèn tampi katrangan saking comite, "sêmadosan ngangge rasukan lurik bêdhaya" ing Ngayogyakarta, bab anggèning benjing grêbêg Mulud para abdi dalêm bêdhaya badhe sami ngangge rasukan lurik, punika botên saking kaparêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, nanging saking sêmadosanipun golongan rèh kawêdalan panakawan bêdhaya piyambak.

Katrangan punika mugi andadosakên uninganipun para maos. Redaksi Kajawèn ngaturakên panuwun.

Sinau ngantih dhatêng Ngindu. Nalika congrès cooperatie B.O. ing Sragèn, Mr. Singgih ngumumakên, manawi wontên kakung utawi wanita tiyang siti purun sinau ngantih dhatêng Ngindu, centraal P.B.I. ing Surabaya tuwin Mr. Singgih piyambak kadugi nglantarakên. Wontênipun ngrika badhe angsal wulangan, pondhokan tuwin nêdha lêlahanan. Ingkang badhe nulung sakabatipun Sang Gandhi.

Ancas kados makatên punika anêrusi kabêtahan ngriki, lan mirid jamanipun, kintên-kintên badhe kasêmbadan ing sêdya.

Woningverbetering ing Kuthagêdhe. Wontên pawartos, benjing taun 1933 ing Kuthagêdhe badhe katindakakên tatanan woningverbetering. Ing sapunika griya-griya sampun sami kapriksa. Wragadipun kataksir kirang langkung f 20.000.-.

Sampun dados kalimrahan tatanan makatên punika adhakan andadosakên manjêluting manahipun têtiyang ingkang sami gadhah griya. Nanging manawi ngèngêti dhatêng pigunanipun, raos kados makatên punika têmtu botên wontên. Mila pinuji mugi tindaking tatanan punika damêl pamarêming ngakathah. Langkung sukur dene padamêlan punika badhe mitulungi golongan angguran.

Tuwan H.A. Salim. Tuwin H.A. Salim ingkang sapunika wontên ing Bêtawi, badhe dados juru sêsuluh ebah-ebahan, utawi dados juru ngarang buku-buku.

Dados ing pawartos bab tuwan wau badhe ngasokakên sarira, ragi botên mèmpêr, awit nyatanipun taksih ngrêgiyêk nyambutdamêl.

Loterij garag enggal. Ing Jawi Wetan wontên loterij gagrag enggal sarana nglotrèkakên èrloji mas, isi 720 lot, rêgi nyèkêt sèn, prêlu kangge mitulungi golongan angguran ing Surabaya. Caraning loterij, èrloji wau kaputêr, lajêng dipun wadhahi rapêt, dipun pati, sadaya lajêng kapurih mêthèk, kèndêling èrloji wontên jam pintên, wiwit jam 12, jam 12 1 mênit, salajêngipun dumugi jam 11.59 mênit. Sintên ingkang cocog angsal jam wau.

Patrap wau sae, saya sae malih dene tumanja mitulungi tiyang angguran. Botên wontên awonipun manawi katelad, samantên wau manawi angsal palilah.

--- 851 ---

Indhakan blanja kasuda. Mirid pawartos, ing bab indhakan blanja tumrap punggawa nagari, badhe kabayar sapalih kemawon. Kajêngipun saupami tampi indhakan f 10.- namung tampi f 5.-.

Inggih timbang botên angsal.

Badhe ngubêngi donya. Wontên neneman tiga ing Surabaya gadhah sêdya badhe ngubêngi jagad, kanthi apawitan sangu ambarang pêncak tuwin jogèd.

Tekadipun para mudha sapunika saya katingal, anggèning pados sarana badhe ngatingal botên kêkirangan margi. Wosipun majêng.

Golongan pangajaran ing Surakarta badhe ngêdêgakên A.M.S. Awit saking ada-adanipun para sagêd, nêdha ngêdêgakên A.M.S. wontên ing Surakarta. Bab punika ingkang mulabukani Dr. Satiman.

Kabêtahaning tiyang dhatêng pangajaran sampun botên kenging kinintên. Sampun malih ingkang nama pamulangan alit botêna dipun raosi, sanadyan sanginggilipun, malah ing sapunika dumugi ingkang têngahan pisan, ugi sami dipun ayati. Samantên wohipun kamajênganing bumi dalah tiyangipun.

Loterij enggal. Loterij enggal ingkang nêmbe kasade ing Escomto ing Bêtawi, kathah sangêt ingkang tumbas, salêbêtipun 2 dintên panyadenipun têlas babar pisan. Têlasipun wau kintên-kintên dhawah têtiyang ingkang sami kilak.

Jamanipun awis arta, têtiyang saya mêmpêng anggènipun ngudi kasugihan.

Het Bagblad pêjah. Sêrat kabar Het Bagblad ingkang rumiyin nama Volkscourant, ing sapunika sampun botên kawêdalakên malih.

Samantên angèling nindakakên wêdaling ariwarti, wawratipun Het Bagblad punika botên kêkirangan anggènipun ngrabuki, mêksa cêmpuritan, wêkasan pêjah.

Nglêbêtakên rèk pêtêng. Ing Labuanratu wontên tiyng siti nglêbêtakên rèk cacah 26 pêthi sarana dhêdhêmitan. Wusana kasumêrêpan saha kacêpêng. Lêrêsipun rèk wau kêdah kakengingakên beya f 1363.64.

Tiyang nêdya nyingkiri beya punika tansah wontên-wontên kemawon, pancèn barang padhang lajêng dados pêtêng.

Rêmbagan babagan Islam kalihan Christen. Ing laladan Sumpiuh, mêntas wontên pêpanggihan ngrêmbag ing bab babagan Islam kalihan Christen. Bakuning rêmbag ing bab têtak, dosa, waris tuwin sabar. Anggènipun rêmbagan wiwit jam 9 dalu ngantos jam 4 enjing, golongan Islam ingkang unggul. Malah kabaripun golongan Christên lajêng sinau agami Islam.

Bab ramening rêmbag babagan agami, sampun têmtu. Mugi sampun dados garêjêgan ing wingking.

Ing Bandung mirah ulam loh sêgantên. Bangsa Jêpan nama Satoh andhatêngakên ulam loh saking Bêtawi, sakawit panyadenipun brandon kalihan bangsa Walandi, wusana Walandi wau lajêng gadhah ada-ada piyambak dagang ulam. Ing sapunika Tuwan Satoh lajêng andhatêngakên ulam saking Cheribon. Dene pinanggihakên ing sapunika ing Bandung kaluberan ulam loh, rêginipun mirah sangêt.

Jor-joran makatên punika namung adamêl kabêgjaning tiyang siti. Sukur.

Batu api pêtêng kacêpêng. Pulisi ing Tanjungpriok mêntas nyêpêng batu api pêtêng, pêngaos f 15.000.

Pandhêsêking tiyang nglêbêtakên barang pêtêng saya majêng, nanging bab batu api punika kados sampun jêg-jêgan.

Pangalêmbana tumrap paboyongan ing Lampung. Parentah andhawuhakên pangalêmbana linangkung dhatêng para ingkang sami nindakakên damêl babagan paboyongan ing Lampung, inggih punika dhatêng: Bupati tuwin Tuwan Ch. O. van der Plas, makatên ugi dhatêng Adjunct Inspecteur Agrarische Zaken, Mr. C.C.J. Maassen, Kontrolir Tanjung Karang J. van der Zwaal tuwin para ambtenaar sanès-sanèsipun. Kajawi punika parentah andhawuhakên dhatêng Guprênur Jawi Wetan, Têngah tuwin Ngayogya supados sami anjênêngi dhumawuhipun pangalêmbana wau dhatêng bawahipun piyambak-piyambak.

Bêgja ingkang sami angsal pangalêmbana punika.

Congres golongan Sayid ing Sêmarang. Badhe wontênipun congres golongan Sayid ing Sêmarang katingal kagatosakên. Kathah wakil-wakiling pakêmpalan ingkang badhe dhatêng.

Jamanipun sapunika pakêmpalan punapa kemawon têmtu dipun gatosakên dening ingkang gadhah golongan tuwin ingkang ambêtahakên, mila manawi wontên pakêmpalan ngantos bibar, inggih sawêg kojuripun.

Pakaryan sarêm lan candu badhe kadadosakên satunggal. Miturut pawartos, awit saking kaparêngipun parentah, pakaryan sarêm tuwin candu badhe kadadosakên satunggal.

Nunggiling pakaryan punika têmtunipun badhe nyuda rèbyèg, kajawi punika têmtunipun inggih gêgayutan kalihan jamanipun.

ASIA.

Nêmpuh sêpur Jêpan. Wadyanipun Jendral Ma Chan San mêntas nêmpuh sêpur ingkang ngêwrat wadya Jêpan, ngantos campuh rame, wusananipun wadya Jêpan kasoran, lajêng ngoncati.

Malèsèt ing Indo China. Mirit katrangan saking utusan Pêrancis ingkang wangsul saking Indo-China, mratelakakên bilih kawontênaninkawontênaning. panggêsangan ngrêkaos sangêt, uwos tuwin pamêdal sanès-sanèsipun tanpa rêgi. Ing sapunika prêlu sangêt ngawontênakên pitulungan. Manahing para narapraja ing Indo-China sami uwas, dening kawontênaning jaman kados makatên.

EROPA.

[Grafik]

Rekadaya ngudi tata-têntrêm. Jalaran saking tansah wontênipun kasangsaran auto, ingkang tuwuh saking sêmbrananipun sopir, ingkang wajib ing Manheim, Jerman, ngawontênakêên trèm listrik mawi ciri mripat mênthêlêng ngêwrat auto ingkang karisakan, kabêkta mubêng-mubêng murih kasumêrêpan ingakathah.

Samantên warni-warnining pangudi murih tata-têntrêm.

--- 852 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

21.

Nonah Dhorah amangsuli kanthi anjênggirat: La kok jêbul kowe ta, Sumarta. Le mu têka dhèk apa.

Nonah Dhorah sarêng sampun ningali dhatêng tiyang ingkang andhawahakên wau sawatawis, lajêng wicantên, têmbungipun sarèh: Wis, ambacutna lakumu, aku sing luput.

Sarêng tiyang wau sampun kesah saking ngriku, Nonah Dhorah kalihan Radèn Sumarta lajêng sêsarêngan mapan linggih wontên ing palinggihan sapinggiring ara-ara.

Nonah Dhorah tansah mijêt-mijêt dhêngkulipun têngên, wusana wicantên: Wis kapenak. Saiki nyaritakna lêlakonmu, têkamu dhèk apa, lan karêpmu nyang Batawi kuwi arêp apa.

Wicantênipun Nonah Dhorah kala punika katingal manis gapyak, nandhakakên manawi sênêng ing manah. Ing sanalika ngriku raosing susahipun Nonah Dhorah ical, saupami pêpêtêng, ing sapunika lajêng padhang, dening dayanipun Radèn Sumarta.

Radèn Sumarta mangsuli: Aku dicakot asu edan, Dhorah, wis têlung dina iki aku têtômba ana Instituut Pasteur.

Wis têlung dina, Sumarta. O, ajaa aku nêmoni bêbaya iki, yake aku ora kêtêmu kowe.

Radèn Sumarta kèndêl kemawon, jalaran sawêg kasêngsêm nyênyawang kawontênanipun ing ngriku, griya-griya katingal padhang abyor ngrêsêpakên. Wusana mangsuli: Aku ya wis duwe pikiran arêp katêmu kowe, prêlu anglairake bela susahing bab sedane wong tuwamu. Nanging Dhorah, atiku banjur grêg, saka ngèlingi dhèk nalika rabiku, aku tômpa kartu pos saka kowe, kang surasane awèh slamêt, lan aku wis kirim karcis anglairake bela susahku ing bab sedane wong tuwamu. Pancène wis êsah, ora ana pikiran apa-apa manèh. Dadi mungguh rasaning pasrawungan ana ing layang isih ajêg bae, nanging antêpe, ora kaya yèn nuju têtêmonan kaya ngene iki, mula ing bab sêdya anggolèki kowe, salawase tansah ana.

Nonah Dhorah lajêng suka tangan dhatêng Radèn Sumarta kanthi ngegosakên linggihipun, sasampuning têtabikan araos antêb, saha salêbêtipun tangan dèrèng uwal, Nonah Dhorah wicantên: Cucukmu kuwi sing sok ngetoki, Sumarta, sing uwis ya uwis. Aku sing ngrumasani luput. Saiki nglêstarèkake anggone padha dadi mitra.

Radèn Sumarta mangsuli kanthi angglonging manah: O, Dhorah, pangarêp-arêpku biyèn mula, supêkêtku bisa angungkuli supêkêting mitra utawa saduluran. Nanging yèn kêpêksa ora kasêmbadan, iya wis bêgjaku.

Sumarta, wong kang wis jêjodhoan iku, tinêmu ana sajabaning pikiranku, lan ora wajib nganakake osik ambangun rasa anyar, ngêmungna nglêstarèkake anane rasa kang suci, kuwi kang kudu ditêtêpi.

Ing sanalika manahipun Radèn Sumarta saya angglong, rumaos manawi sampun kêpulêt ing raos kautamèn, botên wênang yèn ngeguhna dhatêng kalêpatan, mila lajêng mangsuli: Kandhamu iku bênêr bangêt, Dhorah. Aku tansah angèlingi mênyang sucining anggonku padha mêmitran.

Bangêt panarimaku, yèn kowe duwe pikiran mangkono. Satêmêne aku nalôngsa bangêt, saupama anggonmu mêmitran wiwit sangkaning bocah, banjur pêdhot, kang jalaran prakara kaya mangkono. Mêsthine kowe ngrêti, Sumarta, yèn ing saiki mitraku mung kowe. Seje dina aku bakal pêpisahan karo nonah-nonah mitra-mitraku kang padha nunggal sapamondhokan, awit aku arêp mêtu saka kono, lan arêp mêtu saka anggonku sêkolah. O, kowe wêlasa mênyang aku, ya, Sumarta, sajrone sawatara dina, aku kapengin sêsrawungan karo mitra, kaya dhèk biyèn. Kancanana.

Kowe arêp mêtu saka pamondhokan, lan mêtu saka sêkolah, Dhorah. Banjur kapriye.

Sumarta, sabanjure aku dhewe ora mangrêti. Nanging bab sêkolah, aku wis bosên. Ing saiki aku rumasa tanpa kulawarga, ora duwe mitra, gèk bakal ana ngêndi tibaning awakku. Mêsthine kowe iya banjur bisa nêpakake, yèn panganggêpku mitra mênyang kowe kanthi rasa kang suci, nganti ngilangake rasaning lanang lan wadon.

O, mêmêlas. Bêcike nyambuta gawe bae, Dhorah.

Mêsthine aku iya bakal nyambut gawe, kiraku gampang. Nanging kapriye yèn uripku tansah nandhang susah, apa pakolèhe. Saiki aku ngrêti ing bab sababe wong nglalu pati, kang jalaran saka bosên urip. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 55, 3 Mulud Dal 1863, 9 Juli 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [853] ---

Ôngka 55, 3 Mulud Dal 1863, 9 Juli 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Tapanuli - Sêrat Sariswara - Ilatbaya - Kawontênan ing Bophên Dhigul - Manggih Kamulyan ing Purug - Adpêrtènsi - Pangudaraos Wanci Bangun Enjing - Darmawisata (picnic) ingkang Kathah Pambênganipun - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Tapanuli

[Grafik]

Sêsawangan margi ing rêdi sacêlakipun têlaga Toba, Tapanuli, Sumatra.

--- 854 ---

Kagunan Jawi

Sêrat Sariswara, Jilid I. Karanganipun Ki Hajar Dewantara, kaêcap ing pangêcapanipun J.B. Wolters,1931.

Sakalangkung agênging manah kula, dene panjênênganipun Ki Hajar Dewantara sampun sagêd andamêl buku: Sêrat Sariswara, jillid I, ingkang agêng sangêt paedahipun tumrap dhêdhasaring raos kabangsan. Sadaya ingkang kasêbut ing Sêrat Sariswara wau sabagean agêng tansah kula luhurakên kalihan kula pêpuji sagêda kados tujuning panggalihipun sang pêngarang. Namung sarèhning Sêrat Sariswara wau badhe dados têtalêsing pagajaran bab karawitan laras jawi, mila kula botên pakewêd urun pamanggih, sanadyan namung sakêdhik, ananging kula manah prêlu, inggih punika ingkang kasêbut ing Sêrat Sariswara kaca 10 dumugi kaca 11 garis tiga wêlas saking nginggil.

Ing ngriku nyêbutakên bab pamathok suwantêning laras. Pamathokipun miturut slendro pathêt nêm, sanga, manyura, kawujudakên ôngka: 1, 2, 3, 4, 5. Sampun têrang ôngka wau manawi cara musik kilenan dipun wastani: do, re, mi, fa, sol, la, si. Dados têgêsipun panjênênganipun sang pêngarang sumêdya andamêl do, re, mi Jawi.

Anggènipun damêl pathokan suwantên mawi ôngka punika kula botên rujuk sangêt, jalaran wilahaning gôngsa ingkang sampun kalampah wontên ing golonganing para ahli gêndhing ôngka wau sampun dados namaning wilahan satunggal-tunggal. Kados ta ing laras slendro ôngka 1 dados wujuding: laras barang (utawi manis), 2 gulu, 3 têngah, 5 gangsal, 6 nêm.

Ing laras pelog:

Ôngka 1 dados wujuding: laras panunggul, 2 gulu, 3 têngah, 4 pelog (inggih punika antawising: gangsal lan têngah) 5 gangsal, 6 nêm, 7 barang (antawisipun 1 lan 6).

Dados manawi pathokaning suwantên laras ing Sêrat Sariswara wau dipun sêrat mawi ôngka, lajêng cawuk kisruh ruwêd kalihan ôngka ing nginggil punika. Awit ôngka ing nginggil punika sampun kalampah sangêt lan sampun tumancêb dhatêng pangrêtos tuwin raosipun ingkang sami ahli gêndhing. Malah sampun wontên pintên-pintên atus gêndhing ingkang kasêrat mawi ôngka wau, inggih punika:

1. Buku Nut Gêndhing Slendro, dening Jakub lan Wigya Rumêksa, wêdalan Bale Pustaka, seri nomêr: 196, sampun sumêbar ing ngakathah.

2. Buku Pasinaon Nabuh Gamêlan, karangane para liding komisi pasinaonan nabuh gamêlan ing pahêman Radya Pustaka Surakarta, 1924.

3. Ingkang sampun sumêbar dados cathêtanipun para niyaga satanah Jawi.

Awit saking kawontênan ing nginggil punika, kula ngaturakên pamrayogi dhatêng Ki Hajar Dewantara, [Dewanta...]

--- 855 ---

[...ra,] supados suwantêning laras ingakang dipun sêrat mawi ôngka wau prêlu kêdah dipun santuni. Manawi panjênênganipun Ki Hajar nayogyani dhatêng pamrayogi kula, santunipun ôngka pathokaning laras wau kula inggih sampun gadhah pamanggih kados ingkang kasêbut ing ngandhap punika:

Bôngsa kula Jawi punika wiwit jaman kina sampun gadhah kêdaling suwantên laras, nanging dèrèng dipun tata, pramila inggih dèrèng dados pathokan ingkang têtêp. Saking pamanggih kula barang kina wau kula tata, kula dadosakên kadosdene do re mi, lajêng kula aturakên panjênênganipun Ki Hajar, inggih punika: suwantêning lambe anirokakên wilahaning gôngsa,kados ta:

ning (suwantên i, lêrês) | ning (wulu cêcak, limrah ee) | nung, nang, nong, nèng,

Panata kula makatên:

a. Ing slendro pathêt 9, utawi pelog 5, sarta 6,

ning , kangge wilahan têngah, | ning, kangge wilah gulu, | nung, kangge wilah barang, | nang, kangge wilah nêm, | nong, kangge wilah gangsal,

b. Ing slendro pathêt manyura, utawi pelog barang sarta manyura,

ning, kangge wilahan gangsal, | ning, kangge wilahan têngah, | nung, kangge wilahan gulu, | nang, kangge wilahan barang, | nong, kangge wilahan nêm.

Dene wilahan pelog (4) punika nganggea: nèng

Namung ing gôngsa pelog punika lèrag-lèrègipun larasing wilahan botên gampil kados ing gôngsa slendro, sabab antawisipun satunggal lan satunggalipun larasing wilahan punika wontên ing pelog botên sami têbih cêlakipun. Samantên kemawon kados sampun nyêkapi.

Bab laras salêbêting pathêt nêm slendro punika pancèn rungsit sangêt, dados katranganipun botên cêkap karêmbag wontên ing ngriki.

Sadaya ingkang kula sêrat: ning, nang, nung, sapanunggilanipun wau kenging kawujudakên mawi pêpêthan kados ing ngandhap punika:

[Grafik] = ning | [Grafik] = ning | [Grafik] = nung | [Grafik] = nang | [Grafik] = nong | [Grafik] = nèng

Botên langkung sadaya ingkang sampun kasêbut ing nginggil punika mugi dadosa panggalihanipun ingkang kawogan. (Badhe kasambêtan)

Katandhan, Kodrat, S. Sastra Suwignya.

Karangan ing nginggil punika, redhaksi Kajawèn dèrèng sagêd mastani lêrês lêpatipun, makatên ugi tumrap panjênênganipun Ki Hajar Dewantara, anggèning ngarang pathokan, bokmanawi sampun kagalih murih gampil dipun sinau ing ngakathah. Ewadene redhaksi Kajawèn namung nyumanggakakên dhatêng ingkang wajib anêrangakên.

Red.

--- 856 ---

Bab Tanêman

Ilatbaya

Ilatbaya punika satunggiling thêthukulan ingkang limrahipun botên dipun tanêm ing tiyang, sanadyan dipun tanêma, inggih namung kangge pagêring pakarangan, dados nama botên kangge adèn-adèn, utawi kangge pasrèn. Malah limrahipun bôngsa Jawi, ilatbaya punika kaanggêp tanêman ingkang nyarangi pakarangan, mila sabên katingal tuwuh lajêng dipun pêjahi.

Sarèhning sampun limrah, liatbaya punika dipun anggêp kados makatên, pinanggihipun botên nate dipun têngênakên ing tiyang.

[Grafik]

Tanah Ostraliah, ingkang mawi garis-garis, pasitèn ingkang kêtuwuhan ilatbaya.

Tumrapipun bôngsa Jawi, ingkang dipun wastani ilatbaya punika namung sawarni, inggih punika ingkang gèpèng, wontênipun dipun namakakên makatên, bokmanawi dipun iribakên kados ilating baya. Sarèhning namanipun mirid saking wujud, mila tumraping thêthukulan sanès, ingkang bangsanipun punika, lajêng dipun wastani thêthukulan sanès bôngsa. Môngka mênggahing salugunipun, miturut katrangan ingkang pinanggih ing pangudi, bangsaning ilatbaya punika warni-warni sangêt, langkung saking satusan, bôngsa ngamônca mastani cactus. Dados mênggahing golonganipun agêng botên beda kadosdene klapa, anggrèk, sukêt, tuwin sanès-sanèsipun.

Pinanggihipun wontên ing pagudi tuwin cocoging kalihan raos, thêthukulan wau lajêng dipun anggêp sae lan nêngsêmakên, mila thêthukulan kados makatên punika lajêng kathah ingkang dipun tanêm wontên ing pot-pot ingkang pèni, dipun pasang wontên ing papan ingkang prayogi. Dene ingkang dipun anggêp nêngsêmakên, kajawi godhong (inggih witipun) beda-beda, sêkaripun inggih beda-beda malih, tur môncawarni. Tumrap tiyang ingkang botên mangrêtos, botên ngintên manawi tanêman ingkang kakintên sanês bangsaning ilatbaya, jêbul bangsanipun, kados ta wit suru, bangsaning tanêman ingkang sêkaripun mêdal ing godhong, kayu urip tuwin sanès-sanèsipun.

Dene mênggahing damêlipun, ing nginggil sampun kacariyosakên: botên wontên, kajawi namung kangge pagêring pakarangan, samantên punika, limrahipun namung tumrap pakarangan ing dhusun-dhusun, awit wujudipun botên sae, namung ngangkah kiyatipun tuwin gampiling pananêm. Saking gampiling gêsangipun ilatbaya punika sagêd gêsang tanpa pilih siti, malah sanadyan dipun gantung kemawon, waton kêbunan inggih sagêd gêsang.

Padhusunan-padhusunan ingkang apagêr ilatbaya, limrahipun namung padhusunan ingkang pasitènipun cêngkar, wontên ugi pakampungan ing salêbêting kitha [ki...]

--- 857 ---

[...tha] ingkang ugi apêpagêr bangsaning ilatbaya, inggih punika suru. Tumrap pagêr ilatbaya ingkang sampun kawak, saèstu santosa sangêt, sagêd rapêt tuwin mitayani, awit witipun kêbak êri, êrinipun landhêp gêtasan, manawi ngèngingi tiyang, araos gatêl, gampil coklèk wontên salêbêting tatu. Uwitipun botên dipun doyani ing rajakaya, mila kenging dipun wastani kalis ing sabab.

[Grafik]

Wana ilatbaya sasampuning rêsik tinêmpuh ing kewan alit.

Pancènipun ilatbaya punika migunani kangge pagêr, nanging manawi botên dipun upakara, sagêd ngômbra-ômbra tanpa watês, wusana adamêl kapitunan.

Tamtunipun para maos dèrèng pitados ing bab ngômbra-ambranipun tanêman ilatbaya, punika inggih mèmpêr, awit tumrapipun tanah Jawi pancèn botên wontên cêcariyosanipun. Dene tanêman ilatbaya ingkang damêl kapitunan, pinanggih wontên ing Ostraliah, cêcariyosanipun kados ing ngandhap punika:

Nalika jamanipun tanah Ostraliah sawêg enggalan kadhatêngakên bôngsa Eropah, wontên bôngsa Inggris nama Dr. Carlisle dhatêng ing ngriku ambêkta pêthetan ilatbaya, kajêngipun inggih namung badhe kangge sênêng-sênêng kemawon, pambêktanipun namung wontên ing êpot, kanthi dipun prêtèni sae sangêt, nandhakakên manawi tanêman wau kaanggêp adi. Sadumugining Ostraliah, tuwan wau lajêng abikak kêbon wontên ing laladan Queensland tuwin New Shout Wales kala samantên juru kêbonipun tuwan wau rêmên sangêt dhatêng tanêman ilatbaya, lajêng dipun tangkar-tangkarakên, pamanggihipun, manawi nuju môngsa katiga, ilatbaya wau kenging kangge lintuning pakan lêmbu.

Sarêng ilatbaya wau sampun katanjakakên, gêsangipun katingal subur, cocog kalihan pasitènipun. Botên lami tanêman wau sampun katingal ngômbra-ômbra. Wusana lami-lami ilatbaya wau sampun saya ngômbra-ômbra sangêt, ngantos ngedap-edapakên, sagêd angèbêki pasitèn ingkang jêmbaripun 25.000.000 bau, malah dangu-dangu jêmbaring pasitèn ingkang kêtuwuhan ilatbaya wau ngungkuli pasitèn ingkang dipun garap ing tiyang satanah Ostraliah. Badhe kasambêtan.

--- 858 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Kawontênan ing Bopên Dhigul

Sambêtipun Kajawèn nomêr 54.

Sababipun makatên: têtiyang bucalan ingkang dèrèng kamardikakakên saha taksih manggèn ing kampung A, sêdyanipun botên badhe pindhah dhatêng sanès kampung, ananging ing sarèhning karsanipun panjênênganipun Tuwan Asistèn Residhèn Mèstêr But kampung A punika kakobrakakên, nanging manawi têtiyang bucalan ingkang manggèn ing kampung punika têtêp botên pindhah inggih kenging, dene prakawis rêsiking margi kasanggi piyambak, cakruk pulisi panjagi katêntrêman ing kampung A kasuwak. Lurah kampung A kadadosakên lurah Tanah Merah (Lurah kampung C saha B), lurah kampung C dados pêmbantu, dene lurah kampung B katut ing golongan kamardikan ingkang kaping tiga. Lurah Tanah Merah lajêng pindhah ing kampung C. Dados ramening têtiyang bucalan ing kampung A pindhah anyarêngi têtiyang bucalan ingkang kawangsulakên dhatêng tanah wutah rahipun punika, jalaran cakruk kasuwak saha lurahipun sampun pindhah dhatêng kampung C.

Wiwit tanggal 18 dumugi tanggal 21 Pèbruari 1932, polahipun têtiyang bucalan ingkang sami usung-usung barang-barang (pindhah griya) saha têtiyang bucalan ingkang kamardikakakên ngusungi barang dhatêng palabuhan, punika mèh kenging kabasakakên kadosdene gabah dipun intêri.

Têtiyang bucalan ingkang badhe wangsul dhatêng tanah wutah rahipun ing malêm badhe bidhalipun ingkang dêdunung ing kampung A sami ngungsi nyipêng ing kampung C, kajawi sadhèrèk sawatawis kalêbêt kula piyambak. Ing dalu punika ing kampung A sêpên sangêt, ing adat kalimrahanipun wontên gôngsa mungêl, utawi manawi lumampah ngubêngi kampung A taksih sok mrangguli tiyang main trup, ananging ing dalu punika sêpên nyênyêt.

Ing dalu punika kula botên sagêd tilêm, kintên-kintên jam kalih dalu kula mêdal nêdya pados rèk dhatêng griyanipun sadhèrèk Mastur (ing wêkdal punika kalêrês katêlasan rèk) kalêrês piyambakipun anggodhog wedang badhe kangge damêl wedang kopi. Kula pitakèn punapa dèrèng tilêm. Wangsulanipun bilih piyambakipun botên sagêd tilêm.

Sasumêrêp kula kampung A ingkang sisih têngah sampun botên kadunungan tiyang, bokmanawi sapêngkêr kula griya-priya punika inggih dipun risak kados kampung sanès-sanèsipun.

Miturut wicantênipun têtiyang bucalan ingkang manggèn ing Kauman botên nêdya badhe pindhah, pancèn inggih wontên èmpêripun jalaran Kauman punika cêlak kalihan kampung C, dados bilih wontên têtiyang Papuah nêdya damêl rêrêsah sagêd enggal katulungan. Badhe kasambêtan.

Aris Munandar.

--- 859 ---

Wulang Sae

Manggih Kamulyan ing Purug

Ing karangan punika nyariyosakên lêlampahanipun Radèn Cakradiwirya, anggèning manggih kamulyan wontên ing Sumatra. Mênggah mula bukaning cariyos:

[Grafik]

Kêbon sata ing kabudidayan Medhan Dhèli.

Radèn Cakradiwirya bin Radèn Cakrawijaya punika darah saking Bathara Katong, Panaraga, Madiun. Nalika taksih alit katilar ngajal rama ibunipun, lajêng dipun pupu bapa pamanipun kabêkta dhatêng nagari Sêmarang, dagang. Kalêbêtakên sêkolah ôngka II ing nagari Sêmarang. Sarêng mêdal lajêng nyambutdamêl dados lètêrsètêr pangêcapan lokomotip ing Sêmarang. Sarêng sampun umur 20 taun, nyambutdamêl kondhèktur sêpur trèm S.J.S. Umur 25 taun, kesah dhatêng Dhèli, Sumatra.

Sadumugining Dhèli Radèn Cakradiwirya nyambutdamêl dhatêng D.S.M. Medhan, dados mandhor bêsar, laminipun 15 taun. Sarêng sampun umur 40 taun, lajêng nêdha kèndêl malêbêt dhatêng kêbon Dhèli Tuwa, Dhèli Maskape Medhan, tanêmanipun sata lan kopi, pikantuk 14 taun, lajêng nêdha kèndêl.

Radèn Cakradiwirya gadhah manah ngêrdatin kapengin nuntun kadang-kadang tiyang bôngsa Jawi, ingkang sami kamlaratan tuwin kasangsaran wontên ing Dhèli, Sumatra. Têtiyang ingkang badhe dipun pitulungi wau pakaryanipun sami nèmpèl dhatêng padhusunanipun tiyang Batak Toba, utawi Batak Karo, tansah dipun alap damêlipun tanpa kabayar, namung kasukanan têdha kemawon. Radèn Cakradiwirya sangêt wêlas ningali bangsanipun tiyang Jawi ingkang sami kawêdalakên saking kêbon-kêbon. Utawi saking tanah Jawi dhatêng tanah Sumatra dagang sinjang utawi sanès-sanèsipun, tuwin wontên ingkang nusul sanak sadhèrèkipun botên pinanggih, sami kalunta-lunta, dagang tuna, wusana sami katêlasan sangu.

Kacariyos Radèn Cakradiwirya sarêng ningali bangsanipun tiyang Jawi kasêbut ing nginggil, sangêt wêlasipun. [wêlasi...]

--- 860 ---

[...pun.] Manahipun kados dipun gugah, wusana angsal wêwêngan, badhe ambelani bangsanipun murih gadhah tekad manah majêng. Radèn Cakradiwirya lajêng sowan ngarsanipun Tuwan Asistèn Residhèn ing nagari Siantar. Saha gadhah panuwun, badhe nyuwun siti ingkang têbih saking kabudidayan, ingkang kasuwun siti wana, badhe kangge padhusunan, prêlu kangge panggenanipun tiyang Jawi ingkang botên gadhah panggenan, utawi panggêsangan. Tuwan asistèn amarêngakên, nanging têtiyang wau badhe kakengingakên arta pajêg padamêlan sabên taun. Radèn CakradiwirCakradiwirya. sagah.

Radèn Cakradiwirya lajêng kesah dhatêng Medhan amboyongi anak rabinipun, kabêkta dhatêng griya pêrdagangan Siantar.

Anggènipun yasa dhusun punika dipun namakakên dhusun Bandar Jawa, kapêndhêt saking bêbukanipun ingkang babat tiyang saking pulo Jawi, Radèn Cakradiwirya sasampunipun manggèn ing pêrdagangan antawis 4 utawi 5 wulan, lajêng kesah mlampah-mlampah dhatêng dhusun-dhusun tuwin pakampungan, prêlunipun têtiyang Jawi ingkang tanpa dunung, ingkang sami kasangsaran wontên ing tanah Sumatra, sami kapurih dhatêng pêrdagangan, Bandar Jawa, kasukanan siti kangge griya. Tiyang 1 pikantuk bagean wiyar 50 metêr, panjang 100 metêr. Panuntunipun Radèn Cakradiwirya. Sarana mitulungi têdha sawatawis. Saya dangu saya kathah, têtiyang ingkang dhatêng ing dhusun Bandar Jawa, têtiyang wau sami kapurih nanêm pantun gaga, jagung, kacang, uwi, gêmbili, talês, bangsaning palawija ingkang genjah. Badhe kasambêtan.

S.M.

[Iklan]

--- 861 ---

Panglipur Manah

Pangudaraos ing Wanci Bangun Enjing

[Sinom]

Manah oyag madyaning rat / ngusap sêsinome kèksi / ing wanci bangun raina / tyas kagugah gênging kingkin / adan ngraras ngrêrêpi / ngulari doning panglipur / darapon aywa tansah / rangu-rangu sinamuning / samudana marna asrining bawana //

sumirating bang-bang wetan / ramyang-ramyang milangoni / sumunu wênês kawuryan / bramarkata anartani / tataning rat tulyasri / bawaning bawana minggu / yayah manadukara / langêning gita sêsanti / liyêp-liyêp yun miyosing sayêm praba //

jênggrênging giri Maendra / kawuryan ngêngrêng rêspati / mênggêp soring mega malang / katawêng ing ima nipis / bang dadu asmu wilis / kadya kang gêdhah sinawung / ngênguwung ujwalanya / lir netyaning janma luwih / kawistara munggwing sasêlaning imba //

prabawaning ambêg darma / ujar wuruke si kaki / kêtitik nèng solahbawa / noraga luhuring budi / wlas asih mring kaswasih / nityasa dana têtulung / mulung tan kawistara / rila tan karana pamrih / tyas lêgawa nuhoni bawa lêksana //

tan ngêpak gunaning janma / anggung mêngku pangaksami / nimpuna rèh tatakrama / manis aris wahyaning ngling / tan jail drêngki srèi / ewan dahwèn myang adigung / adigang adiguna / datan pisan anglabêti / kang kacipta mêmardi arjaning jana //

sinêbut janma utama / kang pantês pinuji-puji / kinamulèn linulutan / tan pêgat pinundhi-pundhi / sawabe ambêrkati / yogya ywan dadya panunggul / ênggêl darajadira / watêke ayêm ngayomi / tansah mayu ayuning praja mandhala //

emane kang ngura gita / tog-togane lagi criwis / ywan tinari nglakonana / mangsuli mangke rumiyin / sawêg ithu ngrêrêpi / nglêluri darapon antuk / brêkahing kaki wrêdha / bok adhakan migunani / nênangi tyas manuh mardi martotama //

ya ta katon ing pracima / jênggrênging arga kêkalih / èsthanya lir janma kêmbar / têtruka mêmindha rêsi / sasana sasêlaning / ardi Mrapi lan Mêrbabu / winangun pacrabakan / kinubênging udyana sri / rinarêngga mimba bukit Ngendramarta //

kumêndhung kukusing dupa / mulêg pucaking Mêrapi / yayah ngayuh dirgantara / samana sang pindha rêsi / mangsah mangun sêmadi / kang pininta jroning nungku / têntrêm arjèng kanang rat / tulus panjênêngan aji / pajampua mêmayu yuning kawula //

anon taru tumaruna / kawuryan asmu nglêlêntrih / tan obah lamun cinôndra / kadyangganing mahamuni / nêdhêng maladi êning / nêgês karsaning Hyang Agung / paran puwaranira / roganing jaman mlas asih / wèh ruhara sèsining rat tan kayaa //

kêtuju kang wus mardika / mardikanira pribadi / andadak kobêr anggagas / gagasan pating clêkuthik / nêrithik tharik-tharik / ingothak-athik sok mathuk / pêthuk pathokan cêtha / pêsthi panduming dumadi / dumadining kadadyan mawa jalaran //

darunaning rèh duhkita / kadaut sukanya ngênting / kaduking suka wit lena / anglirwakkên pangabêkti / wajib dera dumadi / darma lumaksanèng tuduh / tuduh rèh ingkang murba / misesa [mise...]

--- 862 ---

[...sa] ananing dhiri / kabêsturon kalulun ardaning nala //

kawilêt dêrênging karsa / kasasar tan nurut garis / gêgarising kasusilan / nèng ngisor kumudu mlangkring / nèng têngah ngolang-ngaling / nèng ruhur pijêr bêbawur / kolêg ring kamelikan / lêkase nguthila wêgig / têgêl tega ninggal dhasar kang prayoga //

gya dilalah karsa Allah / wêwêlake têka tilik / kalabêndu amêkanjar / bêgja lamun gêlêm eling / nalôngsa tyas marsudi / mardawaning budi ayu / yuwananing kotaman / tinuman têmên angèsthi / mêmalarsih aksamèng Hyang Suksmanasa //

[Grafik]

kasaru bawaning sata / binarung swaraning pêksi / sêsauran mawurahan / èsthanya lir mudyastuti / kawasaning Hyang Widhi / murba misesèng tumuwuh / têmên tan kasamaran / osiking sagung dumadi / dyan sinigêg byar wijiling hyang baskara //

mugut dera ngudarasa / sanityasa asêsanti / pudyastuti jaya-jaya / jayaning ambêg utami / pracadi angantêpi / kasidèn sidaning wahyu / wahyaning sih aksama / nugrahanirèng Hyang Widhi / berating kang mêmala têmah mulyarja //

sinartan santi mahargya / tumanggaping warsa Jawi / warsa Dal windu Sancaya / ing môngsa dhêstha marêngi / sangkalanirèng warsi / tinrap purwakaning kidung / ngêngudang widadaa / wahyaning pustaka warti / Kajawèn kang môngka pandaming kajawan //

pinêtha lir taman sêkar / prasaja nging sarwa pèni / anjrah puspa môncawarna / nêdhêng babar sari-sari / ruming gônda nênangi / raos Jawi adiluhung / tan lyan sing kadibyannya / myang kotamaning rêdhaksi / dènnya tansah marsudyasrining udyana //

pinuji dinirgakêna / ing yuswa nir kawis-kawis / winantu suka raharja / jinurunga ing sakapti / wèta mong angêmbani / ing Kajawèn kang sumambung / puwara kang mangripta / tan pêgat minta aksami // Sandiraga ing Dhepok Ngargadahana //§ Dhawahing pamujinira / kang tumanduk mring redhaksi / wusing manjing kasarira / lir rasaning masuk angin / mung rèhning tanggap warsi / kang araos pamudya yu / tan lyan mung sama-sama / mrih lulusa lumastari / angrênani Kajawèn kaananira //.

--- 863 ---

Buku Pèngêtanipun Petruk

Darmawisata (picnic) ingkang Kathah Pambênganipun

II.

Sajêrone aku têmbangan mijil kêthoprak, ujug-ujug atiku mak slênit, kèlingan manawa kônca-kancaku nunggang otobis kuwi dudu bôngsa Jawa kabèh, nanging bôngsa sênenjong godhog, têgêse: ana bôngsa Jawa, Sundha, Madura, Batak, lan bôngsa Padhang. Dadi sanadyan mijilku kêthoprak anglêr - ning rumasaku dhewe, lo - kawuwuhan suwaraku galik-galik kathik cêmêngkling - nanging iya rumasaku dhewe manèh - ewadene tumrape bôngsa liya-liyane mau, kiraku pandakwane seje, nèk-nèke bae padha ngira, yèn aku lagi: ambaung, utawa: ngalup. Buktine: salah siji priyayine putri enggal-enggal dhawuh nyêtop, aku kapêksa nuruti, jalaran pirantine kanggo nyêtop mau... gorengan pupu pitik.

[Grafik]

Sanadyan wujude otobis wis kaya... gombal, nanging lakune isih gancang, lan ambrêngênging motore bisa ajêg, ambuktèkake yèn mêsine isih kagolong nomêr wahid. Jalaran saka iku kabèh-kabèh atine padha mantêp, bungah lan sênêng, sarta anêmtokake, yèn kira-kira jam 8 wis mêsthi bisa kiyah-kiyah ana ing yarbèrês Bandhung. Apamanèh aku, gagasanaku iya banjur anglangut. Ing sarèhne gorengane pupu pitik wis labas, ora prêduli, apa kancaku ngarani aku lagi: pujian, utawa lagi: cokèk, mêksa tak wiwiti ngêthoprak manèh, nanging saiki lagune ganti: pocung, mangkene:

Kaya pucung dhadha sêsêg nganti mlêndhung / mung saka anggagas / satêkaku Bandhung mêsthi / bakal nêmu kabungahan dhahar eca //

Ujug-ujug gone [go...]

--- 864 ---

[...ne] mitraku tak jujug / tur bôngsa Walônda / aku mêsthi ditampani / kanthi bungah wahnea disubya-subya //

enak-enuk sêsuguhe aku mathuk / apês bêstik kênthang / saladhahe ora kèri / bakal bathi nèng paran ora kelangan //

mêngko mêtu gonku dandan nomêr satu / manganggo kêmplingan / apêse kaya priyayi / malah kadhang dikira rada pangeran //

lêngkung-lêngkung lakuku kaya tumênggung / sapa wong sing nyawang / mêsthi anggêblag mêcicil / saka eram wêruh wong bagus têmbean //

Ora mung aku dhewe sing bukak swarah mau, liyane iya akèh sing padha jêrat-jêrit, malah ana sing têmbangan cara Sundha lan kêndhangan mangkene: kacidhak têing, acêk, êntêk mèrèk-mèrèk acêk, blagêndhung tak dhung tak dhung tak lan sapiturute. Cêkake kabèh bae padha anglairake sênêng lan bungahing atine, ora ana siji-sijia sing ulate ambèthêm. Mung kadhang kala aku sok eling nyang pangandikane rama sing mangkene kae: yèn kowe lagi bungah, matura sêmbah nuwun marang Sing Kuwasa, nanging yèn lagi nandhang susah, nyuwuna pangapura marang Sing Kuwasa. Nanging pikiran sing kaya mêngkono kuwi, tumuli enggal-enggal tak semplang, awit wong iya mung nyêpêt-nyêpêti nyang pikiran bae. Nanging dilalah, lidok, dèn bagus sêbêl ujug-ujug banjur rawuh, nanging luwih bêcik tak caritakne saka kawitan bae, cikbèn rada gamblang.

Ing ngarêp wis tak caritakake, yèn lakune motore ajêg lan apik, iku mula iya mangkono, nanging barêng têkan desa Cisomang, sing dohe kira-kira 35 pal saka Bandhung, motore cara Banyumase katon: ngonggor pisan, mulane iya kudu diglontor banyu. Sauwise rampung, rekane mono iya arêp tumuli pangkat, nanging dumadakan banjur: plêthat-plêthêt, ngêdên ora uwis-uwis, ewasamono mêksa ora obah saka panggonane. E, la, beka, ing sakawit diarani, yèn motore mung arêp ngunjal napas bae, mulane kônca-kônca iya ora padha cilik atine, malah dianggêp kaya dene ngaso anggone mêntas dioyog-oyog dening otobis, nganti kabèh padha krasa yèn ing sajêroning wêtênge padha dhangsah, yaiku... gorengan pupu pitik, jêruk kêprok, jambu bol kanthi sobat-sobate liya-liyane manèh. Kala samono wis jam satêngah pitu, lan wis rada pêtêng. Ewasamono ora ana wong sing padha cilik atine, malah kosokbaline: ana sing padha jêjogedan, dhangsih-dhangsih, lan nyara cakalele barang. Nanging barêng wis antara saêjam motore isih andhêkêm bae, kanggo lêlipur sathithik, aku banjur ajak-ajak kônca-kônca mangkene: nyonyah-nyonyah dhan tuwan-tuwan - aku mêsthi nganggo basa Indhonesiah, awit wong-wonge gadho-gadho - mari kita orang sama minum-minum dhan makan-makan dhi hotèl (warung), sêmuanyah saya nyang bayar - nanging sadurung-sadurunge aku wis wêruh apa sing wis didagangake ana ing kono, yaiku: pisang gorèng, oncom, sing isih mêntah, iwak asin iya isih mêntah, lan isih ana manèh liya-liyane,

--- 865 ---

nanging kabèh-kabèh sarwa mêntah. Ewasamono bawane wong padha ngêlih, anggonku kudu ambayari iya ora sathithik, iya iku gunggung kumpul 14½... sèn.

Kocapa, barêng wis kira-kira jam 10.30 mênit, ing môngka motore isih kêndak-kênduk bae, srapate kônca-kancaku wis padha malih akèh. Para priyayi putri ayune wis ilang 50%, jalaran saka ciliking panggalihane banjur padha ambêsêngut bênggala, priyayi-priyayi kakung baguse wis suda 100%, jalaran sing akèh padha eling nyang têmpat tidhure, dene aku dhewe rumasa nyluntrut kaya clurut kêcêmplung kalèn, jalaran kèlingan... gudhêg sing ana ing omah.

Rahayune kala samono ana grobag motor liwat sing saguh anggawa aku sakônca mênyang Bandhung, mung bae kenene kudu gêlêm narima diusung kayadene barang lumrah, têgêse: kajaba priyayi putri loro sing olèh papan ana ing sandhinge sopir, liya-liyane kudu dimomot ana ing grobag buri sarana ditutupi krudhuk irêng, tur ora kêna ngucap barang-barang, awit wong iya lagi dadi barang. Yèn nganti kapêndhakan pulisi, grobag motor dianggo ngangkuti manusa, wis mêsthi bisa uga dicêkêl. Wah, rasaning atiku kala samono, rumasa luwih asor katimbang... babi. Jalaran babi, nèk dimot ing grobag, sanadyan nganggo diêrut pisan, isih bisa: uwig, uwig. Balik kene kathik dikon ora kêna nyuwara babarpisan, tur iya ora kêna obah-obah. Ing môngka wis rada wêngi thik wêtênge ora klêbon apa-apa, mêsthine iya rada masuk angin. Biasane aku kiyi nèk masuk angin, sing nyuwara sok ngisor dhuwur: plêkèthèk, oik, kathik dikon ngêngkên, wis mêsthi bakal mulês.

Dilalah barêng têkan ing Padhalarang, diêndhêgake ing pulisi. Salah sijining mas upas ana sing pitakon, kathik nganggo dibarêngi migunakake pênthunge: supir, iku grobag ngêmot apa, thok. Iki: thok, unèn-unèn jalaran gathuke pênthunge mas upas karo sirahe salah sijining kancaku. Tujune cangkême kancaku mau lagi kêbak gorengan oncom, ajaa rak bêngak-bêngok kèlingan ingkang ibu têmênan.

Barêng si supir wis mangsuli, yèn motore ngêmot kalapa, kêna ambanjurake lakune. Têkan ing Bandhung kira-kira jam 12 bêngi, mêtune saka grobag padha pating kêyunggut kaya rêjuna... kalah main. (Badhe kasambêdhan)kasambêtan.

Pawartos saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 4761 ing Salatiga. 1 Ingkang angsal sêsêbutan radèn, warènging nata. Anakipun lajêng sinêbut: mas, 2. Tumrap Surakarta tuwin Ngayogyakarta, ingkang angsal sêsêbutan radèn punika botên mawi pilih pancêr. 3. Tiyang ingkang botên gadhah naluri nata, botên sagêd ngangge sêsêbutan radèn, kajawi ganjaran. Dados botên kenging dipun kapengini. Upaminipun, tiyang punapa kenging ngakên turunipun si anu, manawi pancèn sanès turunipun. 4. Tiyang ngakên-akên punika kenging kemawon, nanging manawi wontên sababipun inggih dados botên prayogi, lan pangraosipun piyambak kemawon kadospundi.

Lêngganan nomêr 1361 ing Banyumas. Bale Pustaka botên amanggihakên pèngêtan kados ingkang panjênêngan dangokakên.

Lêngganan nomêr 376 ing Blora. Botên katêtêpakên, nanging kenging ngangge.

--- 866 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS

RADÈN MEMED SASTRAHADIPRAWIRA TILAR DONYA. Kanthi botên kinintên-kintên, kala ing dintên Slasa tanggal 5 wulan punika, kantor Bale Pustaka tampi pawartos saking Bandung, bilih Radèn Memed Sastrahadiprawira, ambtenaar Bale Pustaka ingkang manggèn ing Bandung tilar donya.

[Grafik]

Wontênipun adamêl kagèt, amargi kala ing dintên Jumuwah, Radèn Memed Sastrahadiprawira wau dhatêng ing Bêtawi katingal sêgêr kasarasan, botên kirang satunggal punapa. Dene mulabukanipun sakit ngantos dumugi ing janji, nunggil dintên Jumuwah wau wangsul saking Bêtawi, sadumugining Bandung kêraos sakit, dintênipun Sabtu dipun prayogèkakên ing doktêr malêbêt dhatêng griya sakit, saha kalampahan malêbêt, ing dintênipun Ngahad dipun bêdhèl. Ing dintênipun Sênèn sampun katingal dhangan, malah ing dintênipun Slasa sampun kenging nêdha. Nanging kados sampun pinarêngakên ing Pangeran, ingriku dumadakan lajêng kêraos lêsu, salajêngipun anjalari dumugining janji. Inna lillahi wainna illaihi roji'un.

Anggènipun tilar donya Radèn Memed Sastrahadiprawira punika sawêg ngumur 37 taun, tilar anak 7, ingkang 3 sampun sami sêkolah, sanès-sanèsipun taksih sami alit-alit.

Nunggil dintên kalihan anggèning Bale Pustaka tampi pawartos, Bale Pustaka lajêng utusan nglayat dhatêng Bandung. Enjingipun, dados ing dintên Rêbo, sagêd anênggani panguburing layon, kanthi anglairakên bela sungkawaning para kanca sadaya. Bidhaling layon kathah ingkang ngiringakên, ingkang bupati ing Bandung ugi rawuh.

Satilaripun Radèn Memed Sastrahadiprawira, Bale Pustaka rumaos kecalan juru ngarang basa Sunda ingkang onjo.

Botên langkung redactie Kajawèn namung ndhèrèk mêmuji, mugi-mugi rohipun ingkang sampun murwèng kasidan tinampia wontên pangayunaning Pangeran. Para ahli warisipun sami manggiha panglipur.

Amin! Amin! Amin!

TANAH NGRIKI.

Pakêmpalan Muraatul Ichwan nanêm kapas. Pakêmpalan dêdhasar Islam nama Muraatul Ichwan ing Gombong, gadhah sêdya badhe nanêm kapas wontên ing pasitèn 20 bau, saha sapunika badhe pados wiji kapas ingkang sae.

Sawarnining kabêtahan punika samangsa sampun ambêtahakên yêktos, lajêng katingal tandangipun. Manawi ngèngêti jaman ingkang sampun kapêngkêr, tanêman kapas punika mèh botên dipun prêlokakên babar pisan, sintêna kemawon ingkang nyumêrêpi tanêman kapas, anganggêp sapele. Nanging ing sapunika raos nakatên wau wiwit badhe ngosok wangsul. Mugi kasêmbadan.

Suntikan mayit mèh dados gara-gara. Ing Pagêrbarang, Têgal, wontên tiyang pêjah ingkang mayitipun kêdah dipun suntik, nanging tumindaking pulisi tuwin punggawa kasarasan sami dipun pênggahpênggak. dening ahli-waris, ngantos nuwuhakên pasulayan rêmbag.

Wasana ngantos dipun sêpuhi dening assistant wadana tuwin pèlpulisi, sagêd kêlampahan kanthi têntrêm. Ing salajêngipun pulisi ngudi katêntrêman, sintên ingkang dados pangajênging prakawis punika.

Lêlampahan kados makatên punika têka tansah wontên kemawon, mangka manawi mirid kawontênan, pinanggihipun sampun dangu. Kintên-kintên punapa jalaran para têtiyang ing padhusunan taksih kathah ingkang dèrèng mangrêtos. Salajêngipun mugi sampun wontên sabab satunggal punapa.

H.I.S. tuwin pamulangan Schakel ing Imagiri botên saèstu ngadêg. Rancangan adêging pamulangan kêkalih ing Imagiri ingkang kapratelakakên kaangkah ngadêg wontên ing wulan punika, nangnignanging. sande, jalaran botên angsal murid. Wontênipun makatên amargi têtiyangipun ingriku sami gêla dumèh pamulangan partikêlir.

Warni-warnining pamanggih tiyang ngantos botên ngèngêti jaman.

Wawasan ingkang tumuju dhatêng pers pêthak. Parêpatan afdeeling Raad Kawula kathah warga ingkang mrayogèkakên, mugi parentah sampun gêga-gêganên dhatêng suwaraning pers pêthak ingkang suraosipun amitênah tuwin badhe ngenggokakên ebah-ebahan kabangsan ngriki.

Têmtunipun pamrayogi makatên wau inggih dados panggalihan.

Paargyan pambikaking H.B.S. kabangsan ing Kêdiri. Pambikaking H.B.S. Taman Siswa ing Kêdiri dipun paargya nyarêngi mèngêti adêging pamulangan Taman Siswa sampun 10 taun, manggèn wontên pamulangan Taman Siswa.

Adêging H.B.S. punika mugi andayanana agêng dhatêng para ingkang sami nyêdyakakên.

Padvinder S.I.A.P. ing Padang Panjang sami dipun cêpêng. Pangagênging padvinder S.I.A.P. cacah 3 sami dipun cêpêng ing pulisi, dipun kunjara, jalaran baris. Sanès dintên padvinder S.I.A.P. nindakakên baris malih, ugi sami dipun cêpêng saha dipun kunjara. Wontênipun makatên awit ingkang wajib ingriku sampun ngawontênakên awisan, botên ngengingakên baris sapanunggilanipun.

Sawarnining lêlampahan ingkang raosipun kados makatên, tumrapipun ingkang kataman, wajibipun namung ngajêng-ajêng dhawahing ngadil.

--- 867 ---

Tiyang bajang sanès tiyang. Mirid saking papriksanipun Dr. Dammerman, tiyang bajang punika bangsaning kêthèk, sanès tiyang. Nanging tiyang bajang ingkang kapriksa punika prabotipun taksih kênèmên tuwin botên jangkêp. Papriksanipun taksih kalajêngakên.

Pikantuking papriksan makatên punika sampun nyuda raosing dosa sawatawis dene botên utang nyawa tiyang.

Nama tumut kêjugang piyambak. Kawartosakên, Tuwan Van Wijk, hoofdredacteur Java Bode dipun kèndêli saking padamêlanipun, kalêpatakên anggèning Tuwan De Wit (kancanipun piyambak) kenging prakawis, jalaran saking tuwan wau nglapurakên dhatêng pokrul jendral.

Samantên pinanggihing tindak ngadil, ngantos sagêd dhumawah wontên babagan sasêlaning prakawis.

Pulisi nggropyok kalangan ngabotohan. Pulisi ing Surabaya mêntas anggropyok kalangan ngabotohan, dipun tindhihi dening hoofdcommissaris. Ingkang dipun gropyok gêdhong Soer. Sportvereeniging ingkang sampun madêg 10 taun. Pulisi sagêd ambêskup pirantos main rolèt tuwin arta f 600.-

Mirid tumindaking damêl tuwin buktinipun, têrang bilih ingriku punika kalangan ngabotohan agêng.

Nyuwak sêpur. Jalaran saking botên sumbut angsal-angsalanipun, kala tanggal 1 Augustus 1930 sêpur ing Makasar - Takalar kasuwak, tuwin sapunika pakaryan sêpur badhe nyuwak sêpur Jatibarang-Karangampèl tuwin Tulungagung-Tugu.

Sawêg jamanipun sapunika sêpur kêkirangan momotan.

Loterij kados dipun sêngkakakên. Kajawèn mêntas martosakên, panyadening loterij sampun têlas salêbêtipun sawatawis dintên. Ing sapunika wontên pawartos malih, panggêbagipun benjing tanggal 13 wulan punika.

E, dene balapan kemawon, damêl gêlanipun tiyang ingkang badhe kêpengin sugih, ingkang dèrèng angsal arta kangge tumbas.

Bupati Ciamis dipun trêsnani têtiyang ing bawahipun. Ingajêng kawartosakên, ingkang Bupati ing Ciamis benjing wulan Sèptèmbêr ngajêng punika badhe pènsiun. Sarêng wontên pawartos makatên punika, wontên tiyang kirang langkung 200 sami sowan dhatêng kabupatèn, nyuwun supados ingkang bupati têtêp wontên Ciamis rumiyin, sampun nilar nuju mangsa kados makatên, awit têtiyang ingriku rumaos ngongkang sangêt. Ingkang bupati mirêng atur makatên punika ngantos ngêdalakên waspa, wusana lajêng ngaturakên telegram dhatêng parentah, nyuwun sandening paturan nyuwun pènsiun, saha panjênênganipun piyambak badhe sowan dhatêng Bogor.

Samantên awratipun tiyang dipun trêsnani têtiyang ing bawahipun.

Jawah dwangschrift. Wontên pawartos, parentah ing Indramayu andhawahakên dwangschrift dhatêng têtiyang ingkang sami dèrèng mbayar pajêg taun 1931 cacah 700. punika dèrèng kapetang calonipun ing taun punika.

Wah, inggih ragi rèbyèg.

H.I.S. lan Schakelschool Mohammadiyah Bêngkalis. Wiwit tanggal 1 Juli sêkolahan wau sampun kabikak, saha damêl gambiranipun ingakathah, awit ngèngêti ing Bêngkalis punika dèrèng wontên sêkolahan H.I.S. Dene ingkang dados panuntunipun inggih punika Tuan Zainudin, Boscharhotect, Tuan zal Jaksa landraad lan Tuan M. Salim Cipir.

Wondene griyaning sêkolahan wau sawêg dipun wiwiti kagarap.

Lulus saking pamulangan luhur pangadilan. Tuwan S.A. Hakim asli saking Pakantan, Tapanuli, Tuwan Sudarsono, saking tanah karajan Jawi tuwin Tuwan Iskandar Suriaatmaja saking Cirêbon, sami lulus saking pamulangan luhur pangadilan ing Bêtawi, têtêp sami angsal sêsêbutan Mr.

Wontênipun tiyang pados padamêlan. Miturut pratelan saking Arbeidbemiddeling ing Surabaya, salêbêtipun taun 1931 wontênipun têtiyang ingkang pados padamêlan, bangsa Eropa 7.527, tiyang siti 18.458, Tionghoa 1.076. Juru suka padamêlan nêdha tiyang bangsa warni-warni wau 1949.4250 tuwin 215, dene ingkang angsal panggenan 1558.3426 tuwin 150.

Miturut petangan kados makatên punika, katingalipun inggih lumayan. Nanging pêpetangan wau bokmanawi dèrèng kalêbêt indhaking angguran ing taun punika.

ASIA.

Jendral Ma Chan San andhadhalakên mêngsah. Wadya Jêpan ingkang ngêpang wadyanipun Jendral Ma Chan San kenging dipun tanggulangi kalihan wadya kapalan, ngantos sagêd ngundurakên wadya mêngsah sadaya. Malah sapunika Jendral Ma Chan San sagêd sambêtan damêl kalihan wadya manasuka Tiongkok ing laladan sanès.

Gronwet enggal ing Siam. Sri Nata ing Siam sampun nayogyani wontênipun gronwet enggal saha sampun katindakakên.

EROPA.

[Grafik]

Kasangsaran auto, Pangeran Lobkowitz seda. Nalika balapan auto ing Berlin, autonipun Pangeran Joego Sliavie, Lobkowitz, mancolot saking margi, jalaran kêrikatên, auto rêmuk, sang pangeran seda. Inginggil punika gambaring auto ingkang rêmuk.

--- 868 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

22.

Radèn Sumarta ing sanalika kèndêl kemawon, mripatipun kêlop-kêlop nyawang lintang ing langit, ing batos anggagas, bilih ciptanipun nonah Dhorah ingkang kados makatên punika sampun layak kemawon, lan Radèn Sumarta sagêd nêpakakên kalihan lêlampahanipun piyambak, ing salêbêtipun gêsang anglampahi siksa tanpa kêndhat. Nanging manawi dipun timbang, lêlampahanipun Nonah Dhorah punika dèrèng paja-paja kados lêlampahanipun Radèn Sumarta piyambak, awit tumrap Radèn Sumarta wajib mawi mikir dhatêng ibu, bojo tuwin anak, sabên dintên namung manggih rêridhu. Balik Nonah Dhorah namung kawajiban mikir badanipun piyambak, wênang milih jodho ingkang dados condhonging manah.

Raosing batosipun Radèn Sumarta ingkang kados makatên punika, kados-kados badhe dipun lairakên dhatêng Nonah Dhorah, nanging lajêng manah botên prayogi, awit nonah Dhorah piyambak nuju wontên salêbêting prihatos. Wusana Radèn Sumarta lajêng munggêl rêmbag, santun rêmbag sanès, ucapipun: Apa ulihmu mênyang pamondhokan ora kasèp, Dhorah. Lan apa kowe wis kuwat nunggang sêpedhah, yèn durung, apa tak golèkake oto bae.

Dhêngkulku isih krasa lara sathithik, Sumarta, nanging ora dadi ngapa. Satêmêne kang dadi sênênging atiku, yèn aku bisa bêbarêngan malaku karo kowe nganti têkan Salêmbah. Kowe nuntun sêpedhah, aku mlaku. Yèn dhêngkulku ora krasa apa-apa, dohing Salêmbah iku ora tak pikir. Nanging iya ayo coba, mêngko yèn aku ora kuwat, nunggang oto bae utawa dhilman.

Radèn Sumarta mangsuli sêmu bingah: Ana sing luwih prayoga manèh, Dhorah, bêcike kowe nungganga sêpedhah, aku sing nuntun dadi sikilmu ora usah ngêncot, awit yèn dhêngkulmu koobah-obahake, mundhak saya lara.

Bênêr, Sumarta, nanging anggonmu nuntun têkan Salêmbah, lo.

Bok têkan jaban langit pisan, ya tak tuntun.

Nonah Dhorah botên ngintên, bilih têmbung sêsêmbranan punika dados pamêcut tumrap raosing manahipun Radèn Sumarta, mila Radèn Sumarta inggih sagah kemawon, wusana lajêng lumampah.

Ing samargi-margi lampahipun tansah dipun sambi gêgujêngan, botên wontên bosênipun, malah saupami dipun ujaa, botên nêdya angèndêli. Ginêmipun ingkang sami nêmbe karênan punika tansah rumakêt kados nunggiling gêndhis kalihan manisipun, botên kenging pinisahakên, tumanduking ulat manis tansah lêlintonan, yèn ta katingala, ing dhadhanipun sami kèbêkan kabingahan, dene ingkang dados titik, kala-kala sêsêging napas katingal. Ing ngriku Nonah Dhorah nglairakên ginêm, rumaos sênêng sangêt manawi sabên sontên Radèn Sumarta mêthuk dhatêng pondhokanipun, lajêng ngêtêrakên dhatêng panggenan ajar miyano ing gang Pasarbaru, lan wangsulipun ugi ngêtêrna.

Wêdharing ginêmipun Nonah Dhorah ingkang makatên wau, inggih lajêng dipun sagahi dening Radèn Sumarta kanthi gambiraning manah, saha lajêng rumaos, anggènipun wontên ing Batawi manggih kasênêngan tanpa upami, badhe kadumugèn anggèning rêrentengan kalihan tiyang ingkang dados woding manahipun.

Sanadyan lampahipun punika têbih, nanging wantunipun tansah kêslamur ing sênêng, rumaosipun sakêdhap kemawon sampun dumugi, Radèn Sumarta ngantos katingal mak grêg, saha wicantên kalihan taksih nuntun sêpedhah: Êlo, athik wis têkan kene, e, dene gêlis têmên.

Apa anggonmu nuntun wis saêjam iki isih kurang ta, Sumarta. Malah saupama dhêngkulku wis ora lara, aku wis mudhun mau-mau. E la, wis mèh satêngah sanga, aku kudu tumuli mulih.

Radèn Sumarta mangsuli sajak kêmba: O, kowe iku jênêng ana sajroning gênggêman, winêngku tatananing pamondhokan, Dhorah.

O, iya pancèn mangkono, Sumarta, yèn slamêt, sêsasi êngkas, aku wis dadi wong mardika.

Wusana Nonah Dhorah kalihan Radèn Sumarta lajêng pêpisahan, sadaya solahipun ingkang mêntas dipun lampahi, tansah karaos nabêt wontên ing manah.

Sontênipun malih, Radèn Sumarta sampun mêthuk wontên sangajênging griya pamondhokan, sampun nuntun sêpedhah piyambak.

Ing nalika sami sumêrêp, sami gambira ing manah, tansah gêntos anglairakên karênan.

Nanging wontên kuciwanipun sakêdhik, dene kasênêngan kados makatên punika, namung badhe pinanggih sawatawis dintên. Lajêng kadospundi. (Badhe kasambêtan).

--- 105 ---

Nomêr 27, taun III

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu

Sakpintêr-pintêrane Wong Goroh, Suwe-suwe kawiyak Wadine

Ana sawijining wong ngingu kucing, rèhning kucing mau wis tuwa banjur ditundhung, kucing mau bangêt susahe, yèn arêp awor kucing liyane bakal dikuya-kuya, awit kucing mau nalika ngèngèr tumindak sawênang-wênang.

Sêdyane kucing lunga mênyang alas. Barêng tumêka ing alas, wêruh grumbul, ana ronge tikus. Ing kono kucing banjur mêthêngkruk ana sajabane rong tikus. Tikus-tikus wêruh ana kucing banjur padha andhêlik, ananging barêng didêlêng, nganti suwe mênêng bae, banjur ana sawatara kang gêlêm nyêdhaki, mloya-mlayu ana ing kiwa têngêne kucing, sanajan wêruh tikus kaya ngono, mênêng bae ora gêlêm anyaruwe, wusana suwe-suwe tikus duwe pangira, bokmanawa iku dudu sabaène kucing, banjur padha nyêdhaki, sarta pitakon, têmbunge: Aku ora mangrêti, dene ana tikus, mloya-mlayu, kowe mênêng bae, mungguh seje-sejene kowe, aja manèh tikus nyêdhak, sanajan adoh diburu.

Kucing mangsuli: Tikus, saprene kira-kira wis ana sataun, gonku nglakoni ora mangan tikus, kagawa saka umurku wis tuwa, cêpak ing pati, dadi olèhku nglakoni iki, mung kapengin pinaringan dalan kang padhang, yèn aku tinakdir ing janji, kang dak gêdhèkake, sajrone aku tuwa iki, mung gawe kabêcikan, nulungi sanak sing nêmu susah, sakadarku. Ngrungu têmbunge mangkono mau, tikus anêsêk. Kucing nêrusake gone omong: La, têkaku ing kene iki, barèse mung ngeman marang kowe kabèh, bisaa jaga-jaga, awit wêruha, sawah iki besuk dina Ngahad ngarêp, dadi pitung dina êngkas, arêp dipaculi wong kang duwe sawah, arêp dirah tikuse, amarga ngrusak têtandurane wong tani, aku krungu dhewe olèhe rêrasanan. Kang iku masa bodhoa kowe, olèhmu arêp maekani, wêktu iki aku dhewe durung olèh panêmu kang prayoga tumraping awakmu. Bakal kasambung.

W. Marta. Barbir Slamêt, Parakan.

--- 106 ---

Aja Sok Ambeda Bocah

Tumrape wong tuwa, yèn wêruh anake dibeda wong liya, adhakan muring-muringe, malah ayake ora mung uwong bae, sanadyan kewan pitik iwèn, yèn anake dibeda, iya nêpsu.

[Grafik]

Ana banyak saba karo blêngure, sajrone saba mau, banyak bangêt ing sênênge, rumasa pasabane kobèt, ora kêkurangan pangan, arêp lêlangên iya wis cêdhak banyu. Mula si banyak tansah nyuwara kaya dadi tandhaning sênêng.

Nanging banyak mau duwe mungsuh, ya kuwi asu sing tunggal pangengeran, sabên dina asu mau ambeda anake. Dijugugi, yèn mêlayu dioyak. Banyak mau pancène sabar, nanging suwe-suwe iya ilang sabare, la wong anak kok pijêr dibeda.

Sawijining dina, nalika asu anjugugi blêngur, êmbok banyak reka-reka ora wêruh, nanging asu barêng cêdhak, banjur dicocor, mak kêlawèr, gulune mêntiyung nganti kaya senggot, asu kêna dicocor klèngkèngan. Lurahe barêng krungu asune klèngkèngan banjur mêtu, wêruh asune mlayu diburu banyak, malah banjur dipapagake karo dipênthungi sisan, awit lurahe wêruh, yèn asune mau gawene anjugugi blêngur. Malah ora mung trima digêbungi bae, isih disrêngêni akèh-akèh.

Asu kêlèngkèngan karo ngawêtake buntute, ketoke wêdi bangêt, sarta sabanjure wêdi nyêdhaki banyak manèh. Malah sabên lagi kêmlebat bae, banyak wis nêlosorake cocore.

Kuwi pakolèhe wong dhêmên ambêbeda, wong liya bae malah sok mrinani. Yèn maido, coba ambedaa anak apa bae, mêsthi olèh piwalês ora bêcik.

--- 107 ---

Angèle Ngopèni Bocah Cilik

Padha-padha pagawean, tumrape wong wadon, angèle ora kaya ngupakara bocah cilik, dene sing bisa ngrasakake kaya mangkono mau biyung. Aja manèh anggone ngopèni oraa angèl, lagi ngarah ajêg mênênge bae iya wis angèl, anane mangkono, awit bocah cilik iku tangise gampang bangêt, upamane: ngêlèh nangis, arêp turu nangis, tangi turu nangis, kêlaran nangis, cêkake apa bae mung sarwa nangis.

Iba ta judhêging biyung, manawa anake pijêr nangis bae. Nanging satêmêne ora, biyung kuwi niyate mênyang anak mung ngeman thok, sarupaning tangis kabèh mau padha ditulak, yèn jalaran saka ngêlèh, digolèkake sêga karo muni: maêm, maêm. Yèn jalaran saka arêp turu, banjur dilela-lela, iya apa bae mêsthi ditulung kanthi patrap kaya mangkono. Na, biyung kuwi rak trêsna têmênan, ta, mênyang anak.

Saiki ana manèh wong liya kang gawene momong bocah, ya kuwi êmban. Iya kawilang sawijining uwong kang kêdunungan watak kaya biyung, bangêt anggone ngrêksa kaslamêtaning bocah, anjaga aja nganti nangis momongane. Mula tinêmune ing têmbe buri, êmban iku kêdunungan katrêsnan mênyang momongane, ngantia tuwa isih karasa.

Ana manèh sing luwih rêkasa, ya iku pangrêksane juru ngupakara bocah cilik ing romah sakit, wah, kuwi pancèn pêngpêngan têmênan, salawase mung tansah ngarah-arah, rumêksa ing samubarange. Coba nontona gambar sing sumandhing iki, kuwi gambare juru ngupakara bocah cilik, nuju ngopèni bocah kêmbar têlu, bocah mau nuju padha lara. Ewadene bocahe ketok padha aring-aring.

[Grafik]

Nanging bab ngopèni sakabèhe mau, satêmêne sing abot dhewe biyung, awit pangrêksane lan pangemane mênyang anak anêrusi lair batin.

Iya apa ora, cah.

--- 108 ---

Trêsna Bapa

Sambungane Kajawèn nomêr 53.

[Maskumambang]

ora suwe nata miyos lan sang putri / sadurunge lênggah / sang prabu uwis nudingi / lan ngandika êlo sira //

Wêlas matur tamtu kula ngrumiyini / jalaran kêpêksa / nyaosakên pati urip / pun kula namung sumôngga //

bangêt bungah sang putri jêroning galih / sauwise lênggah / nuli ngandika sang putri / lah ingsun ambatin apa //

Wêlas mênêng ora pisan amangsuli / mung ithu ambukak / buntêlan kêtali pati / nganti kêtungka disapa //

lah kapriye dene ora amangsuli / ya mêngko rasakna / sira mêsthi bakal mati / ayo enggal wangsulana //

Wêlas nuli maju karo mindhik-mindhik / ambukak buntêlan / barêng byar kabèh anjêrit / wêlas dhewe gundam-gundam //

mung sang putri dhawah nganti ora eling / nalikane priksa / sirahing guru gumlinting / kabèh bae padha gila //

wise èngêt sang putri nuli ngrungkêbi / pangkone kang rama / mingsêg-mingsêg nangis lirih / saiki ngaku kasoran //

Sang putri dhaup lan Wêlas

[Mêgatruh]

pêgat-pêgat sang putri anggone matur / kula sampun angakêni / kawon lan tiyang puniku / kawula nêtêpi janji / ing sakarsa amung borong //

sang aprabu bangêt rêna nuli dhawuh / hèh wong anom ing saiki / bakal têtêp janjiningsun / tampanana iki putri / sira sun pasrahi momong //

Wêlas matur inggih sangêt ing panuwun / mung batos botên kêdugi / momong putri putra ratu / kêkathahên nganyih-anyih / sok mêmundhut langkung bobot //

yèn saèstu kula momong putra ratu / tamtu namung badhe gêring / sawêg manah wêdhak pupur / botên sagêd ngawontêni / tarimah mopo kemawon //

manthuk-manthuk bangêt kadugi sang prabu / nuli dhawuh sira kuwi / jênênge wong durung wêruh / wong anom sira saiki / sun angkat dipati anom //

seje dina tinêmuning bawahanmu / mêngko sira sun lilani / nuli mundura malêbu / nèng kadipatèn lêstari / têtêp dadi putra mêngko //

sanalika Wêlas nangis sênggruk-sênggruk / sang prabu andangu lirih / ana apa sira iku / dene ing samêngko nangis / kaya anggêtuni lakon //

pangran matur nun inggih kangjêng sinuhun / kawula saking ngèngêti / inggih dhatêng tiyang sêpuh / dene botên amêningi / dhatêng arjaning lêlakon //

saupami pun bapa mêningi tamtu / agêng manahipun gusti / nata nuli munggêl rêmbug / dhawuh ngirid pangran pati / mêtu saka ing kadhaton //

pangran mundur para abdi anggarubyug / sakala tandange salin / saka wis katiban wahyu / satindake sarwa lirih / praean ketok mancorong //

sang aprabu enggal-enggal adhêdhawuh / warata nyang ngêndi-êndi / yèn ing mêngko arêp mantu / dhawuhe wis maratani / rame ing saênggon-ênggon // Bakal disambung.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 58, 14 Mulud Dal 1863, 20 Juli 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [901] ---

Ôngka 58, 14 Mulud Dal 1863, 20 Juli 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pasir Putih - Patilasan - Katrangan Kula Bab Sêrat Hariwara - Bab Sêkar - Kawontênanipun ing Bopên Dhigul - Adpêrtènsi - Laku Jantraning Jaman - Kabêsmèn Salêbêtipun Kapal Dempo - Darmawisata (Petruk) - Bab Buku - Kabar Warni-warni - Wêwaosan.

Pasir Putih

[Grafik]

Sawangan margi agêng Pasir Putih, ing saantawisipun Bêsuki kalihan Panarukan, Jawi Wetan.

--- 902 ---

Cariyos Kina

Sambêtipun Kajawèn nomêr 48.

Bab mimbar, mimbar ing masjid Kitha Agêng punika miturut dêdongenganipun mimbar saking nagari Palembang nalika Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Agung ingkang ngadhaton nagari Plèrèt ngabên kasêktèn kalihan Adipati Palembang, cêkakipun Adipati Palembang kawon, lajêng nyaosi pisungsung, inggih punika mimbar. Kacariyos ingkang sinuhun lajêng anjèrèng sap asta mimbar kabuntêl dipun bêkta piyambak, wêkdal samangke mimbar wau taksih, kajêng wungle wujudipun cêmêng mawi dipun ukir sae.

[Grafik]

Sawangan ing sela canthèng sacêlakipun pasarean ing Kutha Gêdhe.

Bab ringin sêpuh dêdongenganipun waringin tanêmanipun Kangjêng Sunan Kalijaga, saking karsanipun kagêm pratôndha karaton Mataram, ing samangke waringin taksih.

Bab ajad dalêm sêkul abrit, manawi Jumuwah, miturut dêdongenganipun nalika Gusti Kangjêng Panêmbahan tindak saking Nglipura kèndêl wontên dhusun Thithang lajêng dipun sêgah sêkul abrit gudhangan kangkung, eca anggènipun dhahar lajêng pangandika: Kowe ngladènana sêga abang saturun-turunmu. Dumugi sapriki taksih lêstantun.

Bab sêkar tlasih, sêkar tlasih punika ingkang dipun unjukakên sabên bakda Jumuwah ingkang dipun bêkta abdi dalêm jajar dhondhong, miturut dêdongènganipun, Kyai Agêng Pamanahan tindak lêlana kèndêl wontên sak ngandhapipun wit waru, wontên tiyang nyaosi unjuk-unjukan dhawêt uwoh tlasih, kraos eca anggènipun ngunjuk, lajêng pangandika: [pa...]

--- 903 ---

[...ngandika:] Kowe besuk sak turun-turunmu ngladènana kêmbang tlasih, saha panggenan wau dipun paringi nama dhusun Karangwaru, dumugi sapriki taksih lêntantunlêstantun. sabên Jumuwah.

Bab abdi dalêm dhondhong, miturut dêdongenganipun, nalika Kangjêng Sunan Kalijaga, tindak lêlana dumugi dhusun Dhondhong Kilènpraga, dhawuh dhatêng tiyang nini brintik, anggendhong kajêng agêng lajêng dipun irit dhatêng nagari Mataram, lajêng ngandika kalihan Gusti Panêmbahan: Aku nitipake wong kang anggendhong bakal bêdhug iki lêstaria ngladèni sak turun-turune, lajêng dipun paringi kuwajiban rêrêsik pasareanipun rama dalêm, dalah cêpuri sak panunggilanipun, ing wêkdal samangke bêdhug utawi abdi dalêm dhondhong taksih lêstantun.

[Grafik]

Capuri pasarean ing Masjid Agung ing Kutha Gêdhe.

Ngaturakên, Gusti Kangjêng Panêmbahan Senapati, wiwit ngasta pusara praja nagari Mataram, wontên taun JemawalJimawal. 1509 dumugi taun Be 1529, lajêng surut sinarèkakên wontên ngandhapipun rama dalêm, Kangjêng Kyagêng Mataram, inggih Kyai Pamanahan.

Kula ngaturakên pasarean Kitha Agêng têbih cêlakipun saking nagari Ngayogyakarta wontên nêm kilo mètêr, lêrêsipun kidul wetan.

Pasarean Panitikan, saking Kitha Agêng kilèn têbihipun, satunggal satêngah kilo mètêr, ingkang sumare, I. Kangjêng Ratu Pakubuwana sapisan ing Kartasura, II. Kangjêng Pangeran Tumênggung Balitar, III. Kangjêng Pangeran Balatèr, kathah malih panunggilanipun.

Pasarean Gambiran, lèr kilèn Kitha Agêng têbih cêlakipun sakilo mètêr, ingkang sumare, I. Kyai Agêng Jurukithing, II. Kyai Dhadhaptulis, kathah malih panunggilanipun.

Pasarean Karangturi sawetan Kitha Agêng, têbihipun sakilo mètêr, ingkang sumare, I. Kyai Agêng Karanglo, II. Kangjêng Ratu Pambayun.

Pasarean Wotgaloh, lèr wetan, saking Kitha Agêng têbih cêlakipun sakawan kilo mètêr, ingkang sumare, I. Kangjêng Pangeran Purbaya, putranipun Gusti Kangjêng Panêmbahan, ing ngriku kathah panunggilanipun, dèrèng sagêd nêrangakên satunggal-tunggalipun. Tamat.

Ki Mas Martahastana. Tèmpèl, Kutha Gêdhe.

--- 904 ---

Katrangan Kula Bab Sêrat Hariwara

Katur Redhaksi Kajawèn

Ing sakawit, kula sumêrêp Sêrat Hariwara saking pamitran kula, ciptaning manah kula sêrat wau prayogi sangêt kasumêrêpan ing ngakathah, mila kula panjurungakên dhatêng Kajawèn. Makatên punika namung saking dêrênging manah kula rêmên dhatêng Sêrat Hariwara, katêmahan kula lajêng ngaturakên uluk-uluk dhatêng redhaksi Kajawèn, ananging kula botên pisan-pisan mangrêtos dhatêng tatacaranipun angêdalakên sêrat cap-capan. Sasampunipun uluk-uluk wau kula kintunakên dhatêng redhaksi Kajawèn, lajêng wontên waris putranipun suwargi R.M.T. Purbadipura, asma R. Wiradat, suka sêsêrêpan dhatêng kula, manawi anggèn kula badhe ngaturakên Sêrat Hariwara dhatêng Kajawèn wau nama nrajang pranatanipun tiyang ngêdalakên sêrat cap-capan. Enggalipun R. Wiradat lajêng suka palilah dhatêng kula supados Sêrat Hariwara kapacak wontên ing Kajawèn. Dene bab palilah wau ugi sampun kula wrat wontên irah-irahanipun ngèngrèng Sêrat Hariwara ingkang sampun kula aturakên redhaksi katiti tanggal kaping 4-7-'32 kapêngkêr punika.

Sarèhne bab Sêrat Hariwara Purbadipuran punika ing samangke panjênênganipun Dr. R. Ng. Purbacaraka (putra kakung ingkang sêpuh Purbadipuran) dèrèng marêngakên dhatêng sêdya kula macak Sêrat Hariwara wau, kula ugi namung sumarah dhatêng kaparêngipun Dr. R. Ng. Purbacaraka.

Bab slura-sluru kula tuwin R. Wiradat, punika namung saking kirang mangrêtos kasêmbuh kirang cêkap prasabênanipun dhatêng waris ing Purbadipuran ingkang wontên ing Batawi dening têbih. Botên langkung namung nyuwun pangapuntên.

Martasutrasna.

Kasêbut nginggil punika kula sampun angakêni lêpat.

wg.R. Wiradat

Ing sapunika sampun cêtha dhodhok sèlèhipun ing bab punika, namung kantun gumantung sakaparêngipun ingkang kagungan panguwaos. Manawi ing bab isinipun Sêrat Hariwara wau, ingkang sapunika sampun kakintunakên dhatêng redhaksi Kajawèn, mirid umumipun ing Jawi, nama kawruh Jawi Kina, dados sadèrèngipun wontên Sêrat Hariwara, kawruh wau sampun sumêbar, kathah ingkang sampun sumêrêp, namung beda Sêrat Hariwara punika sinawung ing sêkar. Prayogi manawi kapacak ing Kajawèn.

Nanging sarèhning sampun wontên uluk-uluk saking waris kados makatên, tuwin sêrat bangsaning pêpetangan ingkang kados makatên punika sampun wontên saha sampun sumêbar, kados ta Sêrat Primbon tuwin ing almênak warni-warni ingkang kina pisan, dados saupami botên kawêdalakên, botên dados punapa.

Red.

Pawartos saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 3064 ing Warujayèng. Oktobêr 1932.

Lêngganan nomêr 3102 ing Purwadadi. Botên sade.

Lêngganan nomêr 1025 ing Gêntèng. Wontên, rêgi f 1.80.

Lêngganan nomêr 5236 ing Rêmbang. Lêrês.

--- 905 ---

Bab Tanêman

Bab Sêkar

Sami-sami têtanêman ingkang kaangkah pamêdalipun, sanadyan sêkar punika kalêbêt golongan lumintu wêdalipun, nanging katingalipun sajak botên sapintêna, kados namung sambèn kemawon. Wontênipun makatên, awit tumraping bôngsa Jawi, sêkar punika namung kangge sarana tuwin kabêtahan sawatawis, kados ta kangge prêluning layon sapanunggilanipun, utawi kangge bucalan, ingkang tumônja dhatêng bangsaning lêlêmbat, dene ingkang tumônja dhatêng tiyang, namung kangge cundhuk, gêlung lan sapanunggilanipun, utawi namung mêndhêt gandanipun, upaminipun kangge ukup utawi sêbar patilêman. Dados ingkang tumônja dados sêsawangan, kenging dipun wastani botên sapintêna.

[Grafik]

Sêkar ingkang kapitongtonakên ing Rotêrdham.

Nanging mênggah sajatosipun, mila sêkar-sêkar wau namung tumônja kados makatên, bokmanawi jalaran namung saking dèrèng mangrêtos, utawi saking kamanah botên sapintêna, awit limrahing sêkar Jawi, ingkang nama kacêlak dhatêng tiyang namung bangsaning sêkar gambir malathi, kanthil, kananga. Sêkar-sêkar wau manawi katitik saking wujud, nama botên sapintêna.

Beda kalihan kawontênanipun sêkar ingkang asli saking ngamônca, punika tanahipun môncawarni tuwin wujudipun inggih nêngsêmakên. Satunggal-satunggaling tanah pinanggih pintên-pintên warni, kados ta bangsaning rêgulo, punika wontên pintên-pintên dasa warni, bangsaning tluki, sruni tuwin sanès-sanèsipun, dene warni-warnining sêkar saking tanah ngamônca wau kenging dipun wastani atusasatusan. warni.

Ing sakawit, tumrapipun bôngsa Jawi sanadyan sampun [sa...]

--- 906 ---

[...mpun] kêdunungan watak ugi rêmên dhatêng sêsêkaran, nanging raosipun sêngsêm dhatêng sawangan, dèrèng sapintêna, bokmanawi pancèn saking adining sêkar-sêkaripun botên sapintêna. Nanging manawi dipun manah, ing bab sêngsêmipun inggih sampun wontên, tandhanipun ing sêrat-sêrat kina ugi sampun wontên panyôndra tumraping patamanan. Dados kintên-kintên namung pinanggih saking bedaning raos kemawon.

Sarêng bôngsa Jawi bribik-bribik saya supêkêt pasrawunganipun kalihan bôngsa ngamônca, dangu-dangu inggih katularan rêmên nyawang dhatêng adining sêkar-sêkar ingkang kangge rêrêngganing balegriya, awit mênggahing wujudipun pancèn nêngsêmakên.

Dangu-dangu bab sêngsêmipun tiyang dhatêng sêsêkaran saya katawis, botên tarimah namung nyawang kemawon, malah tumut migunakakên piyambak, nelad sacaraning bôngsa ngamônca, nyumbang pangantèn, tiyang kasripahan, tiyang manggih kanugrahan tuwin sanès-sanèsipun, sami sarana kintun sêkar, tur rêgining sêkar wau botên sakêdhik, wontên ingkang rêgi ngantos dasanan rupiyah, panumbasipun dhatêng juru sade sêkar bôngsa ngamônca. Dene bôngsa ngamônca wau anggèning sade sêkar nama panggaotan yêktos, bêbathènipun ing sabên wulan ngantos atusan.

Wontênipun padagangan sêkar ngantos sagêd kados makatên punika, kajawi saking adining sêkar, ugi wontên gêgayutanipun kalihan kawruh, awit juru sade sêkar punika kajawi sagêd milih utawi mangrêtos dhatêng awon saening sêkar, inggih sagêd mangun murih sêkar wau saya asri wontên ing sawangan, sarana saking sagêd anggèning matrapakên utawi sagêd mêmantês dhatêng undha-usuking warni tuwin sanès-sanèsipun, punapa malih sagêd nuju dhatêng prêlu, upaminipun sêkar ingkang kangge pahargyaning pangantèn, punika inggih katingal sêmu awujud sêkar kabingahan, kosokwangsulipun tumrap dhatêng tiyang kasripahan, katingal kados wujud abela susah.

[Grafik]

Sindhanglayah, papan panggenan nanêm sêkar.

Dados mênggah lampah panggaotan, tumraping sêkar, bakuning bêbathèn pinanggih wontên ingkang nanêm tuwin ingkang nyade, inggih punika ingkang andagang, mila limrahipun tiyang ingkang nanêm, tansah gêgayutan kalihan tiyang ingkang nyadèkakên, mila pinanggihipun ing jaman sapunika, mèh ing sabên kitha wontên tiyang dagang sêkar, malah tumrap kitha ingkang agêng ngantos kathah. Badhe kasambêtan.

--- 907 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Kawontênan ing Bopên Dhigul

Sambêtipun Kajawèn nomêr 57.

Ing wêkdal punika pulisi panjagi katêntrêman sampun wontên. Adêgipun pulisi panjagi katêntrêman punika ngajêngakên taun 1929, jalaran wontênipun pulisi panjagi katêntrêman punika ing wingking badhe kula cariyosakên.

Dhuh, para maos, bilih panjênêngan sadaya ngawuningani piyambak kawontênanipun sadhèrèk Darsana nalika wangsul saking minggat saha anggèning nyariyosakên lêlampahanipun, bokmanawi para maos sagêd angrêntahakên êluh.

Nalika sadhèrèk kêkalih punika nêdya wangsul dhatêng Tanah Merah sangunipun têdha saha pil sampun têlas, amila lampahipun lajêng kandhêg, jalaran sakitipun sadhèrèk Suhada sangêt. Kados punapa susahipun sadhèrèk Darsana sarêng sumêrêp mitranipun sakitipun sangêt, saha sakêdhap-sakêdhap sadhèrèk Suhada kapidhara. Sadhèrèk Darsana lajêng pados gêgodhongan kangge lèmèk saha eyub-eyub. Botên antawis lami sadhèrèk Suhada tilar donya.

Sasampunipun sadhèrèk Suhada tilar donya, sadhèrèk Darsana lajêng nêrusakên lampah. Ing sarèhning tigang dintên botên kalêbêtan upa, dados kawontênaning lêlampahanipun sampun tamtu mêmêlas sangêt. Sadhatêngipun ing kampung D lajêng anjujug ing griyanipun tiyang bucalan ingkang cêlak margi, inggih punika margi saking wana dhatêng kampung D ingkang sisih wetan. Wontên ing griya ngriku lajêng dipun sukani têdha. Sasampunipun nêdha lajêng nyariyosakên lêlampahanipun. Sasampuning têlas cariyosipun lajêng lapur dhatêng pulisi panjagi katêntrêman ing Tanah Merah. Pangruktining sadhèrèk Suhada saha lapuripun sadhèrèk Darsana dhatêng ingkang ngasta paprentahan ing Bopên Dhigul sampun kula cariyosakên ing nginggil, dados botên prêlu kula cariyosakên malih. Namung sapunika anyariyosakên sadhèrèk Darsana nalika kapriksa dening pulisi panjagi katêntrêman (Rust en Ordebewaarder). Anggènipun mriksa punika, kula pinuju badhe nuwèni sadhèrèk Darsana. Pamriksa ingkang kula mirêngakên kados ing ngandhap punika.

Sasampunipun kapitakenan nama saha asal-usulipun, pulisi panjagi katêntrêman lajêng pitakèn malih. Supados gampil pulisi katêntrêman kula santuni P. Dene sadhèrèk Darsana kula santuni D.

P. Punapa sampeyan nêdya ngesahi tanah pambucalan badhe dhatêng tanah Papuah ingkang dados wêwêngkoning karajan Inggris.

D. Botên.

P. Kenging punapa sampeyan pintên-pintên dintên kesah nasak-nasak wana kalihan sadhèrèk Suhada, ingkang samangke tilar donya wontên ing wana.

D. Awit kula saha sadhèrèk Suhada rumaos sumpêg manahipun, dados golonging rêmbag nêdya jajah tanah Papuah.

--- 908 ---

P. Kenging punapa yèn sampeyan badhe nêdya anjajah tanah Papuah botên nyuwun palilah dhatêng pangagêng ingkang ngasta paprentahan ing Bopên Dhigul.

D. Saking pamanggih kula kêkalih, ningali kawontênan, ingkang taksih cêlak kalihan Tanah Merah ngriki botên dados awisan. Amila kula kêkalih botên nêdha sêrat palilah.

P. Punapa sampeyan botên nate mirêng, bilih sakiwa têngênipun Tanah Merah punika wontên watêsipun, ingkang kadamêl dening saradhadhu, saha sampeyan nalika lumampah wontên ing wana botên anglangkungi watês punika.

D. Inggih anglangkungi, ananging kula botên mangrêtos bilih punika watês tanah pambucalan.

Têlas-têlasaning papriksan sadhèrèk Darsana dipun paringi pangapuntên dening pangagêng ingkang ngasta paprentahan ing Tanah Merah, saha lajêng kamardikakakên wangsul dêdunung ing Tanah Merah, tuwin ing têmbènipun piyambakipun dados golonganing têtiyang bucalan ingkang nurut, tôndha pasaksènipun sampun purun dados tiyang bêrah ambubak wana kangge patêgilan, ingkang kawontênakên dening parentah.

Sadèrèngipun kula nyariyosakên têtiyang bucalan sanèsipun, kula badhe nglajêngakên cariyos lêlampahanipun sadhèrèk Amat bin Husin. Badhe kasambêtan.

Aris Munandar.

[Iklan]

--- 909 ---

Panglipur Manah

Laku Jantraning Jaman

Sambêtipun Kajawèn nomêr 57.

[Mijil]

yèn nganggoa ikêt wus katitik / bêcik katon mêlok / nèng samuwan ngegla ketok dhewe / wêwirone alus amalipis / tan pating cakênthing / tôndha wonge besus //

saking sabar tlatèn ngati-ati / dadi pilihan wong / ing satêmah misuwur jênênge / nanging balik têkane saiki / kabèh padha wasis / nadyan gunung nang nung //

malah brêgas wuwuh mêrak ati / awit nganggo blangkon / sami mawon desa nagarane / nadyan nganggo karo mlayu bangkit / sapa sing ngarani / yèn wong desa kluthuk //

sajatine tan bisa pribadi / ora gawe gawok / yèn pyayi ya jaman ing kunane / ora ana sing diblônja nagri / mung lungguhe sabin / kongsi run-tumurun //

suprandene omahe katitik / lir bopati anom / balik prapta jamane samangke / kabèh pyayi diblônja nagari / arang kang duwèni / omah lir tumênggung //

mung klêpêran kang apindha paksi / sasat kêna jontrot / yèn pintêra jaman ing kunane / nora bisa ngungkuli saiki / nadyan bisa luwih / akèh pujôngga gung //

ora kaya pintêre saiki / samubarang enjoh / yèn pujôngga mung kari têmbange / pangudine têkan pucuk ardi / kabèh padha wasis / nanging ora payu //

yèn uwonga sing têmên pinilih / têkan ngarsèng manon / ing samêngko sing akèh umuke / obrol goroh mung watone wani / muni nèng ngarêping / panggêdhe digugu //

nanging ana wong bêcik kêtitik / ala katon mlorok / yèn wong têmên tinêmu jatine / yèn wong goroh garowah sayêkti / bêjane sing lali / layak kèh wong bingung //

mungguh èstri crita purwa nguni / yèn lakine layon / bela obong nglabuhi bojone / gumilire jamane ing nguni / yèn lanange lalis / dènnya arsa labuh //

salamine nora gêlêm laki / sasat mèlu layon / balik mêngko tan ngono jatine / durung mati nora dèn eringi / nantang pêgat wani / nitir turut lurung //

wit kalingan angkaraning budi / nandhing sakèhing wong / nadyan pintêr linuwih samine / mula ènthèng laki karo anggris / wadat anglakoni / anggêr ngukup pulus //

kang mangkono bêcike saiki / pancèn luwih onjo / yèn nagara tan kaya samangke / ngêndi-êndi rêja kêbak janmi / murah sarwa-sarwi / nanging kèh wong nganggur //

duk kunane akèh praja sêpi / arang mrangguli wong / tur sathithik praja pamêtune / wonge cilik pangane sathithik / suprandene luwih / têntrêm jroning kalbu //

ora kaya ingkang luwih bêcik / jamane samêngko / ngêndi-êndi wonge ewon kêthèn / pamêtune uga angluwihi / nanging tan brêkati / malah kèh rêrusuh //

mungguh tumrap tani nguni-nguni / ayêm guyêm yêktos / nadyan cilik sathithik wêtune / nanging bisa simpên tumpuk pari / rasane nuwuki / ing sasomah cukup //

nora kaya kang luwih utami /

--- 910 ---

kang kalaku mêngko / paman tani akèh bèrbudine / nandur pari nora simpên pari / wong liya tan ngudi / jêbul numpuk pantun //

yèn panganggo kang linuwih kêris / dhasar nyata nyontok / ning samêngko wonge trêsna kabèh / dililakke marang kantor panhis / prandene sing nulis / nora nyêngklit dhuwung //

duking kuna omah payon wêlit / ayêm rasèng batos / nora samar diobong tanggane / miwah koyok kècu lawan maling / suprandene bangkit / têkan anak putu //

ora kaya bêcike saiki / akèh omah gêdhong / magrong-magrong tur nganggo payon sèng / ewadene kumrangsang mring ati / arang kang lêstari / kongsi run-tumurun //

nganggo damar cukup lênga klêntik / mêlik-mêlik katon / nora padhang ning padhang atine / nora bisa ngungkuli saiki / kabèh sarwa manis / kang ginadhang bagus // Badhe kasambêtan.

Bocah ladak.

Kabêsmèn salêbêtipun kapal Dempo

[Grafik]

Tandangipun opsir 2 ingkang nuju tumandang ing damêl anyirêp kabêsmèn wau, mangangge panganggèn topèng gas badhe lumêbêt ing palkahkapal. ingkang kabêsmi.

--- 911 ---

Buku Pèngêtanipun Petruk

Darmawisata (picnic) ingkang Kathah Pambênganipun

V.

Ing ngarêp wis tak kandhakake: wong kuwi nèk lagi kapisanan nonton yarbèrês ing Bandhung, sabab saka papan lan gêdhonge pancèn sêngaja wis diyasani, tur mula iya apik-apik lan cèkli-cèkli, dhêmêne pancèn bisa kêpati-pati têmênan, nanging lawas-lawas, yaiku nèk wis kêrêp nonton, tak pêsthèkake banjur ora dhêmên, nanging... trêsna. Dadi padha kayadene aku karo Makne Kamprèt kae. lagi kêtêmuku kang kapisane, cêkake iya sèwu dhêmên dadi siji têmênan, saupami bisaa mêngkono nang ngêndi-êndi tak kanthongi ajêgan, nanging suwe-suwene, sanadyan rupane ora malih-malih, malah saya mundhak kêmpong perot, dhêmêne iya banjur ganti: trêsna, mêlas lan asih. Kèlingan nèk wis tak paido, banjur muni mangkene: aku wis rumasa salah, mas, iya diparingi ngapura bae. Wah, hla kuwi saka wêlasku rasane atiku kayadene dikrikiti coro. Nèk kèlingan anggone ngopèni aku sabên dinane, saka trêsnaku, ambok ya diijoli wong wadon sêjinah dilanjari siji manèh, ayake iya durung tak êculake. Apamanèh nèk wis macak, thik anggone pupuran lêlamatan, saka asihku, ambokmanawa sanadyan Dèwi Ratih diudhunake ana ing Ngrêcapada, kiraku iya durung ngungkuli karo Makne Kamprèt.

[Grafik]

Mêngkono uga panganggêpku, -kiraku iya panêmune wong-wong liya- tumrape yarbèrês, sanadyan papan lan omah-omahe, ora malih-malih, rupane ajêg bae, ewasamono ora anduwèni bosên. Ana ing ati iya bênêr ora anduwèni dhêmên, nanging mêksa iya... trêsna. Awit iya ngêmungake ana ing yarbèrês ing Bandhung, dudu ana ing Pasar Gambir ing

--- 912 ---

Batawi, dudu ana ing yarmarêk ing Ngayoja, Pakalongan, lan ing Surabaya, utawa ana ing pasar malêm ing Sêmarang, Surakarta, Magêlang lan ing nagara liya-liyane ing sakurêbing jagad kiyi, sing ajêg mêsthi anane konggrès... wong ayu. Jalaran saka iku, mulane aku banjur ora pati wani nonton suwe-suwe ana ing yarbèrês, jalaran aku kuwatir nèk-nèke aku lali, yèn aku kala samono ora ana ing... suwarga.

[Grafik]

Gêdhong dhepartêmèn panggaotan praja ing Bandhung.

Sadurung-durunge wis padha dirêmbug, antarane jam 12 lan jam 1 aku kabèh padha ngumpul ana ing alun-alun sangarêpe Mêsjid Gêdhe. Mungguhing rumangsaku, nèk têkaku tak gawe thèng jam 1 iya durung kêpancal, isih têtêp jênêng wong têmên, wong sing isih nêtêpi ing jangji, dudu bangsane wong sing diundang tahlil jam 8 têkane jam 10, sing ora susah oman-amin, nanging mung kèri ngêmplok bae, alias dudu bangsane wong sing anduwèni panêmu, nèk jam kuwi ana rong warna: jam Lônda lan jam Jawa. Jam Lônda, kuwi jam sing nêtêpi janjine têmênan. Dadi nèk ditêtêpake jam 8, iya jam 8 têmênan. Dene nèk jam Jawa, kêna kasèp nganti... loro utawa têlung jam.

Ing sarèhne kala samono lagi jam 11.30, sêdyaku arêp milang-miling- nanging ora golèk tandhing, sing lênggut-lênggut kuru aking ananging arêp andêlêng apa-apa sing anèh-anèh ana ing Bandhung kono. Anane gêdhong-gêdhong sing cara Banyumase padha: sêmangêr-sêmangêr, ora prêlu tak caritakake ana ing kene, awit mula iya akèh bangêt, kaya ta: gêdhong pamulangan luhur kanggo insinyur, gêdhong dhepartêmèn panggaotan, romah sakit wong lara dicokot asu edan (Instituut Pasteur) lan isih ana manèh sobat-sobate, bakal ngêbak-êbaki papan bae, saupama tak sêbutna kabèh. Dene sing prêlu arêp tak caritakake ana ing kene, sing saiki lagi dadi kêmbang lambene wong Bandhung, yaiku... dhemo.

Mungguh kaanane dhemo, pancène mono ora prêlu tak caritakake dawa-dawa, jalaran saikine ing ngêndi-êndi panggonan wis ana. Nanging kaanane dhemo ing Bandhung prêlu tak caritakake sathithik, awit sabênêre, dhemo ing Bandhung kuwi upama wayanga mono kêna dipadhakake [dipadhaka...]

--- 913 ---

[...ke] karo Prabu Niwatakawaca, têgêse: sêparo sabrangan (buta) sêparo satriya. Mêngkono uga dhemo, sêparo motor, dadi barang sing wêton sabrang, lan sing saparo dhilman, sanadyan jamane êmbah Gajahmada, nèk dhilman iya wis ana, dadi sing sêparo kêna diunèkake wêton kene. Malah sanadyan kusire, kusir dhemo ing Bandhung kuwi sing akèh-akèh iya bangsane Prabu Niwatakawaca, têgêse sing sêparo buta sing sêparo wong kene, dadi iya kêna disêbut: bêndara tuwan. Ewasamono tandang-tanduke ora beda karo kusir: Pak Krama lumrah. Sanadyan sing nunggangi mung bangsane aku lan bangsane mas prawira mêthit bae, nanging tandang-tanduk solah-tingkahe, iya tansah ngênggoni tatakrama. Nèk ditakoni utawa diprentah iya ora tau lali anggone mangsuli: yah mênir, saya tuwan. Tumrap bangsaku dhewe iki wajib kanggo conto bêsar. Ing jaman saiki kiyi jamane wis malih ora karuwan. Sanadyan bangsane: bêndara tuwan Lônda sing kulite kuning kaya ulêsing kèju, wong sing duwe sêsêbutan nganti rete-rete: Bêndara Radèn Mas Panji Ngabèi Kenthol Ngantèn, nanging nèk ora duwe êndhil, iya mêsthi bakal diêpringake ing uwong, mulane ing jaman saiki kiyi, wajibe uwong aja ngèlingi dhisik mênyang: anak turune Kumbakarna, utawa anak turune êmbah Janaka, iki kabèh wajib disampirake nyang pagêr dhisik, sing prêlu diudi luwih dhisik, iya golèke pangupajiwa, kudu wani cancut taliwônda, cancut arane wong acincing- ning iya aja kêdhuwurên- taliwônda arane wong cawêtan, mungguh karêpe: jaman saiki kiyi aja wêdi nyambut gawe kasar alus, anggêre sarana tindak khalal bae.

[Grafik]

Otobis nuju kèndêl ngaso.

Wis, wis, bukuku pèngêtan kiyi tak lèrènane samene bae dhisik. Mung siji sing isih prêlu tak kandhakake, yaiku ulihku sakônca-kancaku saka Bandhung nyang Batawi. Lakune otobis sing ditunggangi nganti tumêkane ing Batawi ginanjar slamêt, sanadyan sadalan-dalan kêrêp mandhêg. Iki rada mèmpêr, wong iya saka Bandhung, mulane si otobis iya sajak rada... bèsèr.

Buku Enggal

Bale Pustaka sampun ambabar sêrat padhalangan ringgit purwa sambêtipun ingkang sampun, jilid XXIII isi lampahan Krêsna Kêmbang, Krêsna Pujôngga, Krêsna Begal, Sômba Rajah, Bambang Sutija.

Jilid XXIV isi lampahan Sômba Ngênglêng, Bomantara, inggih Boma Suruhan, Sugatawati, Sugatawati dhaup kalihan Sômba, Jaladara Rabi, Satyaki Rabi.

Jilid XXV isi lampahan Gajah Putih Asrati Putri, Suyudana Rabi, Dèwi Dursilawati Ical, Pêksi Anjalirêtna.

Jilid XXVI isi lampahan Suryaputra Rabi, Bambang Danasalira, Kumbayana, Durnatapa.

Jilid XXVII isi lampahan Côndhabirawa, Pandhawa Putêr Puja, Darmabirawa, Arjuna Têrus.

Sêrat Padhalangan punika, mênggah pigunanipun sampun kasumêrêpan ingakathah, rêginipun sabuku f 0.24.

--- 914 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI.

Tamu bangsa Indu. Kolonel Gurdial Singh Dhielan, upsiripun Maharaja Patiala ing Indu, mêntas maratamu dhatêng Mangkunagaran dipun sugata lêlangên ringgit golèk, dene wontênipun ing karaton kasugata badhayan tuwin srimpèn.

Cêtha bilih karajan Jawi punika tumrapipun tanah manca saya katingal.

[Grafik]

Pakêmpalan Putri Budi Sêjati. Para putri warga "Putri Budi Sejati" ing Surabaya nalika dhahar sêsarêngan maargya anggèning nunggilakên pamulangan manggèn ing Plampitan. Kawontênanipun sarwa swadheshi.

Angsal-angsalanipun pasar malêm kabangsan ing Surabaya. Angsal-angsalaning pasar malêm kabangsan ing Surabaya dumugining sabibaripun wontên f 17.338.20.

Jamanipun kados makatên angsal-angsalan samantên punika nama botên sakêdhik.

Campuh sami pêthutipun. Ing bawah kaondêran Batujaya, Krawang wontên benggol nama Bisan campuh kalihan benggol nama Jêmar; Jêmar dipun bacok pêjah ngênggèn. Bisan lajêng dipun tahan wontên kaondêran. Sarêng dalu benggol-benggol kancanipun Bisan cacah 7 sami dhatêng ing tahanan, pakunjaran karisak. Bisan dipun pêjahi. Salajêngipun dados prakawis agêng.

Durjana pasulayan sami durjana, têmtunipun inggih rame. Mugi sadaya sagêda kacêpêng.

Sêrêgan ing kalangan P.P.P.H. ing Ngayogya. Ing wêkdal punika ing kalangan P.P.P.H. wontên rêmbag rame golongan prakawis payêrêg,panyêrêg. ingkang araos pandakwa awon dhatêng Tuwan Martodirêjo, loco-voorzitter Hoofdbestuur P.P.P.H. Tuwuhing prakawis wau saking Tuwan Driyowongso. Pikantuking papriksan, lêpatipun malah dhawah dhatêng Tuwan Driyowongso, lajêng dipun kèndêli saking anggènipun dados secretaris Hoofdbestuur P.P.P.H. botên hurmat. Dene Tuwan Martodirêjo linêpatakên ing pandakwa awon, têtêp amajibi padamêlanipun lami.

Sok makatên lêlampahaning tiyang, salaminipun tansah kataman awon lan sae. Sakêdhap dipun lokakên awon, malah lajêng saya sae, makatên kosokwangulipun. Mila pawitan èngêt punika gêgaran ingkang mikantuki.

Darma ing utami. Pabrik sês Sampurna ing Surabaya ingkang mêntas sadean wontên pasar malêm kabangsan pêpajêngan f 1333.52. Pêpajênganipun sadaya wau kadarmakakên dhatêng pakêmpalan pangangguran tiyang siti tuwin Tionghoa, sêpalih edang.

Têmtunipun kadarman makatên punika katampi kanthi gambiraning manah lan sagêd anjalari ecaning sêsipun.

Directeur pangupajiwa praja badhe anggêgana dhatêng nagari Walandi. Paduka Tuwan Ir. De Iong, Directeur pangupajiwa praja sampun bidhal saking Bandung dhatêng Bêtawi nitih mêsin mabur, wontên ing Bêtawi ngêntosi mêsin mabur Eckstar badhe bidhal dhatêng nagari Walandi.

Lampah anggêgana pinanggihipun ing sapunika saya limrah, nanging mêksa mawi pilih-pilih, awit waragadipun taksih angêt sangêt, mila limrahipun namung katindakakên ing kalanipun wontên prêlu sangêt. Nanging botên sande têmtu saya limrah.

Ambêskup sêrat sêbaran wados. Sampun nate kawartosakên ing Sumatra sisih Wetan wontên golongan communist dipun cêpêngi. Ing sapunika pinanggih wontên sêrat sêbaran ingkang sampun sumêbar kala ing wulan Januari. Sêrat sêbaran wau kasêrat sastra Tionghoa, nanging namung tumrap wontên ing Sumatra sisih wetan, saha wontên sêrat instructie, asli saking Penang, sadaya kakintunakên dhatêng procuseur Generaal.

Babagan kados makatên punika têka tansah wontên kemawon.

Tiyang awon (bangsaning durjana) ing tanah ngriki. Miturut katrangan saking parentah, ingkang gêgayutan kalihan rantaman babagan Justitie, kawontênaning jiwa ing tanah ngriki wontên 60 yuta, ingkang kagolong tiyang awon wontên 40.000. Manawi kapirit kalihan kawontênanipun, cacahipun tiyang awon samantên wau botên kathah, awit pêpetanganipun sabên jiwa 15.000 tiyangipun awon namung satunggal. Lan malih ingkang kathah namung nglampahi kadurjanan alit, tumrap ingkang kadurjanan agêng têtêp 15.000.

Sukur manawi kawontênanipun kados makatên, botên sangêt-sangêt adamêl panalangsa.

H.B.S. kabangsan ing Kêdiri. H.B.S. kabangsan ing Kêdiri manggèn ing griya agêng botên nguciwani, papanipun kobèt, hawanipun sakeca. Miturut pawartos, benjing bikakipun tanggal 1 Augustus dipun sarêngakên mèngêti adêging Taman Siswa sampun 10 taun. Malêming pambikakipun mawi paargyan sawatawis, mawi dipun sêsorahi Ki Ajar Dewantara, lajêng wungon. Enjingipun bikak mawi nanêm wit waringin minangka pasêmon akajêng: tuwuh saking kodrat pribadi, utawi atêgês kawruh lan kawaskitan. Ing sapunika ingkang nglêbêti sampun wontên 55, asli saking Aceh, Delil, Batak, Padang, Palembang, tanah Jawi tuwin Celebes. Bangsa Tionghoa 6, wontên ingkang èstri.

Pananêmipun wit kawruh wau mugi sagêda ngrêmbaka.

Warung P.P.P.B.I. ing sêkatenan Ngajogya. Warung P.P.P.B.I. sasampunipun kabikak, kathah sangêt ingkang sami mrêlokakên rawuh, tansah sêk-sêkan. Ingkang lêlados para jurnalis, Mr. tuwin Ir. tiyang siti. Pinanggihipun ingriku ingkang rawuh namung golongan tiyang siti, tumrap golongan ngamanca botên wontên.

Pinuji ewak-èwèk sagêda mêntas saking awake dhèwèk.

--- 915 ---

Examen politie opzener. R.M. Mursada lulus examen pulitie opziener ing politieschool ing Sukabumi. Rumiyin R.M. Mursada wau hoofdagent. Sêsarênganipun ingkang lulus wontên 24, sadaya Walandi, dados golongan nyêle.

Wilujêng.

Ngakên turun Nabi. Wontên pawartos, ing Mêntok wontên Arab ngakên turun Nabi ingkang taksih cakêt, utawi ngakên kados guru agêng. Kathah tiyang ingkang sami kèlu. Lajêng wontên tiyang sagêd sowan dhatêng guru wau gadhah pitakenan warni-warni, nanging guru wau botên sagêd mangsuli, wusana kêbadharan, nyatanipun tiyang wau namung tiyang limrah kemawon. Sarêng badhe dipun cêpêng ing pulisi lajêng oncat.

Warni-warni akalipun tiyang badhe pados panggêsangan wontên ing jaman malèsèd.

Diploma kêplanggrang. Ing Bêtawi kathah murid wêdalan Mulo ingkang namung sarwa pakèwêd, kados ta: ingkang diploma A nglajêngakên sinau botên sagêd. Ingkang diploma B, manawi bijinipun botên sae inggih botên sagêd nglajêngakên sinau dhatêng A.M.S. malah kakênipun ngungkuli ingkang A.

Wosipun punika namung dados bukti rêkaosipun tiyang sinau utawi pados padamêlan wontên ing jaman sapunika.

Kasangsaran motor. Sagolongan patroli pèlpolisi ing Malang inggih punika asistèn wêdana, mantri polisi tuwin agèn 2 sami nganglang numpak sêpedah motor ngangge grobagan. Lampahipun minggah rêdi sakidul Malang, wusana lampahipun sêpedah numbuk palang ingkang prêlu kangge malangi lampahing kadurjanan kopi, motor anjêmpalik. Asistèn wêdana tatu nglêbêt tuwin balungipun iga putung 6, mantri pulisi tatu rêkaos ing pipi, agèn kalih namung tatu sakêdhik.

Samantên apêsing kawula. Dados palang ingkang kangge rumêksa kawilujêngan wau, malah dados margining kasangsaran.

Kabêsmèn ing kapal Dèmpo. Ing bab kabêsmèn ing kapal Dèmpo, sarêng katindakakên papriksan, wontên pêthi kabêsmi namung sakêdhik ingkang dipun bêskup. Miturut papriksan pêthi wau gadhahanipun tiyang ingkang, katingal, mokal yèn gadhaha tindak cidra. Ewadene barang wau kakintunakên dhatêng Bandung supados dipun priksa dening ahli jampi.

Dados mênggahing panggrayangan prakawis, botên kenging ulap dhatêng sintêna kemawon.

Kajênging Indianisatie. Miturut katrangan saking wêwakil parentah, kajênging Indianisatie punika kathah ingkang sêling sêrêp. Mênggah kajêngipun botên kok bangsa Indo tuwin Walandi ingkang cêpêng damêl badhe dipun santuni tiyang siti, nanging pangkat-pangkat wau dipun balanja kados ukuran gêsang ngriki miturut bangsanipun.

Têmtunipun katrangan kados makatên wau sampun ragi adamêl pamarêmipun ingkang kasamaran.

Pinanggihing pangiridan punggawa. Wiwit tanggal 1 Januari 1931 gunggungipun punggawa nagara bangsa Eropa tuwin tiyang siti ingkang dipun suda, sampun mèh 5000. Cacah samantên wau ingkang 4269 pènsiun, 581 wachtgeld tuwin non-activiteit. Miturut pêpetangan golongan C 5 1/2, B. 9%, tuwin A 8 1/2 %. Punika benjing taun 1933 kêdah mindhak dados 7%, 12% tuwin 11 1/2 %.

Indhikan makatên inggih ngêdhêg-êdhêgi.

Lagu ingkang tansah dados raosan. Wontên pawartos, satunggiling asistèn wêdana ing Sêmarang gadhah damêl têtakan mawi ramèn-ramèn, nalika ingkang bupati rawuh utawi kondur mawi dipun kurmati lêlagon Indonesia Raya. Bab punika lajêng dados rêraosing ngakathah.

Bokmanawi tuwuhing lagu wau sampun kamanah mawi ngêtrêpakên êmpan lan papan.

Usul matêsi lêbêting cita saking ngamanca kaduwa. Commisie economie mêntas parêpatan angrampungi rêmbag ing bab panyuwunipun pabrik cita Twente, supados tanah ngriki matêsi lêbêting cita saking ngamanca, botên kaparêngakên.

Pawartos punika sagêd adamêl lêganing ambêganipun ingkang sami sêsêg sawatawis.

Pabrik sêmèn Indarung angsal pangayoman saking Parentah. Mirit pawartos, wontên sulak-sulakanipun bilih pabrik sêmèn Indarung, Sumatra, angsal pangayoman saking parentah, murih botên kadhêsêk saking Jêpan.

Bêja among dagang ingkang angsal pangayoman saking Parentah.

Lulus pandadaran A.M.S. babagan basa wetanan. Wontên murid Taman Siswa ing Ngayogya lulus pandadaran nglêbêti dhatêng pamulangan A.M.S. babagan basa wetanan.

Punika satunggiling kamajêngan Taman Siswa.

ASIA.

Pamulangan anggêgana. Tiongkok andhatêngakên guru nyinau anggêgana 14, wontên ingkang Dhoktor tuwin tiyang ahli ing bab kawruh anggêgana.

Bangsa Jêpan ingkang pados ulam pinanggih ing pundi-pundi. Wontên juru pados ulam bangsa Jêpan pintên-pintên dipun cêpêng dening Parentah Sovyet (Rus), amargi jalaran ngambah laladan sacêlakipun dharatan Sovyet.

[Grafik]

Parêpatan ing Lausanne. Ing pundi-pundi sampun sumêbar pawartos ing bab parêpatan ing Lausanne, inggih punika parêpataning para wêwakil karajan ingkang badhe ngrêmbag bab pasulayan, ura-ura, nyambutdamêl sêsarêngan, rukun tuwin pêdhami. Gambar ing nginggil punika gambaring para wêwakil, saking kiwa manêngên, Tuwan: Baron van Neurath (Jerman) Marconi (Itali) Von Papen (Jerman) Remsay Mac Donald (Inggris) tuwin Heriot (Prancis).

--- 916 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

25

Kapindhone pakewuh tumrap kulawargane bojoku, awit kulawargane bojoku mau padha wong kuna, upama ana rêmbug ing bab anake arêp dipadhakake Walônda, anggone têtimbangan bae ora rampung sataun. Harak jênêng dadi pakewuh gêdhe.

Sumarta, iki wis jam wolu saprapat.

Yèn ngono ayo êndang bali, mêtu dalane mau bae manèh, ora usah mubêng-mubêng, ulihmu mundhak kasèp.

Tiyang kalih lajêng nyengklak sêpedhah, wangsul dhatêng Salêmbah. Wontên ing margi botên patos ginêman, amargi lampahipun kasêsa, wah malih ing batos sawêg sami kisèn sabab ingkang ngoyag-oyag pikiran. Sadumugining ngajêng griya pamondhokan lajêng sami mandhap, Nonah Dhorah kalihan Radèn Sumarta lajêng têtabikan, araos gumèndhêl têrus ing manah, saha mawa prabawa angoyag katêntrêman.

Sadumugining kamar, Nonah Dhorah taksih dhêg-dhêgan, tilêmipun ing wanci dalu tansah gragapan. Raosing manahipun Nonah Dhorah kala punika botên beda kados nalika badhe dhatêng griyanipun Radèn Sumarta kala ing ngajêng.

Nonah Dhorah tansah anggagas, punapaa têka sarêng mirêng lêlampahanipun Radèn Sumarta, manahipun tansah tab-taban, tur botên piyambakipun anggadhahi pamanahan, bingah manawi Radèn Sumarta pêgatan, awit mênggahing pêgatan, punika satunggiling tindak nistha, botên pantês dipun tindakakên ing tiyang ingkang sumêrêp dhatêng kasusilan. Lêrês Nonah Dhorah punika sênêng sangêt manawi Radèn Sumarta sagêd têtêp wontên ing Batawi, nanging babarpisan botên gadhah pangajêng-ajêng supados wontên lêlampahan kados makatên. Mila sarêng mirêng bilih Radèn Sumarta pêgatan, manahipun Nonah Dhorah saya botên sakeca. Makatên ugi ing bab ngajêngakên dhatêng Radèn Sumarta, punika tumrapipun Nonah Dhorah têbih sangêt, awit sampun dipun anggêp kados sadhèrèk.

Enjingipun, wanci sontên, Radèn Sumarta sampun mêthuk dhatêng Salêmbah, lajêng ngêtêrakên dhatêng gang Pasarbaru, wangsul dhatêng pamondhokan malih, kanthi mubêng-mubêng sawatawis. Nanging salêbêtipun kêkesahan punika botên rêraosan ing bab lêlampahan kados ingkang sampun dipun rêmbag.

Dintênipun Ngahad sami adus dhatêng pasisir, tangkêpipun tiyang kalih kados sadhèrèk kemawon, sami rêksa-rumêksa botên angraosi babagan ingkang magêpokan kalihan raosing batosipun.

Ing satunggilipun dintên, nalika nuju sami pêpanggihan, Nonah Dhorah raosan makatên: Sumarta, bêsuk Kêmis ngarêp iki umurku wis têtêp salikur taun. Aku arêp ramèn-ramèn sawatara ana ing pondhokan. Yèn bisa, kowe mronoa, ya, têkaa wayah surup, tak êntèni.

Radèn Sumarta: Apa kowe iya ngulêm-ulêmi wong saka jaba.

Ora, mung kowe dhewe. Kowe aja rikuh, dupèh kowe lanang dhewe.

Dumugining Kêmis sontên, wanci sêrap Radèn Sumarta sampun dhatêng, dipun papagakên ing Nonah Dhorah mangangge sarwa pameran, tur mangangge pangangge diwasa.

Radèn Sumarta nalika sumêrêp anggènipun mangangge Nonah Dhorah, ngantos katingal malêngak. Nonah Dhorah sumêrêp pasêmonipun Radèn Sumarta kados makatên punika lajêng angèsêmi tuwin pitakèn: Genea kowe mlêngak, Sumarta.

Radèn Sumarta mangsuli: Aku nganti pangling, Dhorah.

Kuwi wis watake wong lanang, dhêmên kagetan. Wis ayo kene, linggihan ing patamanan dhisik, mêngko ngalih mênyang omah, padha mangan enak. Bêngi iki aku ya ngundang musik.

Nonah Dhorah lajêng nyandhak tanganipun Radèn Sumarta dipun ajak linggihan wontên patamanan, salêbêtipun lumampah wau Nonah Dhorah wicantên: Sing kogawa kuwi apa, Sumarta.

Radèn Sumarta: Kuncuping kêmbang sruni abang. Salêbêtipun wicantên makatên punika, Radèn Sumarta kalihan ngulungakên, saha dipun tampèni dening Nonah Dhorah araos rahab, kanthi anglairakên têmbung tarima kasih ingkang linut ing ucap manis.

Nonah Dhorah sasampunipun nampèni sêkar lajêng pamitan sakêdhap badhe andèkèk sêkar wau wontên ing wadhah, botên dangu wangsul malih kanthi sêsêging napas. Wusana tiyang kalih lajêng linggih jèjèr wontên ing palinggihan, rêsêping pasrawunganipun sang kêkalih ngantos botên kenging dipun pindhakakên.

Sasampunipun mapan linggih, Radèn Sumarta wicantên: Aku awèh slamêt, Dhorah. Muga-muga kowe nêmua dalan kang anjog mênyang kautaman. Iki aku awèh tôndha pangeling-eling arupa barang sapele.

Radèn Sumarta lajêng ngulungakên dhus alit, Nonah Dhorah anampèni saha lajêng kabikak kanthi bingahing manah, wusana wicantên: Bangêt panarimaku, Sumarta, barang iki èdi bangêt. Athik ana ali-ali kaya ngene. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 59, 17 Mulud Dal 1863, 23 Juli 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- 919 ---

Kawruh Sawatawis

Sêkatèn ing taun Dal

Pasamuan utawi karamean sêkatèn wulan Mulud, ing sabên sataun-sataunipun wontên taun warni wolu, kados ta ing taun Alip Ehe sapiturutipun, punika tumrapipun ing karaton dalêm Surakarta, ingkang kenging dipun wastani agêng piyambak, amung bilih dhawah ing taun Dal, dados sabên wolung taun namung wontên sapisan, karamean sêkatèn wulan Mulud ingkang sanèsipun taun Dal, sadaya kawontênanipun nama kalêbêt ajêg. Wondene sêkatèn ing taun Dal ingkang kula wastani agêng piyambak wau jêjlèntrèhanipun kados ing ngandhap punika.

[Grafik]

Blaking papan sakatènan ing Surakarta.

Kawontênanipun pasamuan, karamean, pêpasrèn, isarat-isarat kagêm tata ngadating karaton sapiturutipun, kathah kawontênan sarwa enggal ingkang mêdalipun namung sabên wolung taun sapisan pêndhak sêkatèn wulan Mulud ing taun Dal kemawon, inggih punika tumrap isarat tata ngadat karaton, wêkdal dintên ngajêngakên dhawahing dintên bakda garêbêg Mulud, dados wontên dintên Akat Paing tanggal kaping 11 Mulud, ing saandhap sampeyan dalêm ingkang sinuhun: tabe-tabe, sakalihan pramèswari dalêm gusti kangjêng ratu, sanadyan namung sakêdhap dening prêlu kagêm isarat tata ngadating karaton, kaparêng anjênêngi saha ngasta adang sêkul, dangdangipun wasta Kyai Mrica, ing dintênipun bakda sêkulipun kapatêdhakakên waradin dhatêng para abdi dalêm agêng alit dumugi kawula dalêm, ngantos [nganto...]

--- 920 ---

[...s] namung kabagian sakêpêl dumugi saupa-saupa minôngka ngalap bêrkah dalêm karaton. Pawonipun ingkang kadamêl pirantos adang wau iyasan enggal dadakan, bibar bakda kabongkar rêsik, nuntên bongkaranipun kalabuh dhatêng nawi.

[Grafik]

Masjid Agêng ing Surakarta dipun tingali saking sisih lèr.

Ing surambi masjid Agêng, sakêmputipun linangse ing sinjang sarwa pêthak byur. Ginarwe ing plisir saistha kajêng apu, têngahing surambi kalêrês manggèning dhampar pinarakan dalêm, ginubah ing sinjang sarwa sutra sêsêkaran maneka warni.

Dintênipun garêbêg siyang, sabibaripun para tamu pangagêng-pangagêng Walandi ingkang anjênêngi pasamuan bakda (pasamuan opisil) nuntên ing ngandhap sampeyan dalêm ingkang sinuhun, jêngkar saking pasewakan sitinggil, têdhak ing surambi masjid Agêng tindak dharat, jinajaran abdi dalêm agêng alit, ginarêbêg para luhur putra santana dalêm. Sarawuh dalêm ing surambi, nuntên matêdhakakên dhawuh dhatêng kangjêng radèn pangulu tapsiranom, wiyosing dhawuh timbalan dalêm, dikakakên andongani ajad dalêm, mêmulya eyang dalêm Kangjêng Nabi Adam… Palêsthaning donga ing saandhap sampeyan dalêm jêngkar saking surambi angêdhaton, ugi tindak dharat.

Wontênipun karamean ing alun-alun salêbêtipun sêkatèn pitung dintên pitung dalu, agêngipun kadamêl tikêl kalihan sêkatèn sanèsipun taun Dal.

Ungêlipun mariyêm-mariyêm ing alun-alun minôngka pakurmatan, kajawi mariyêm alit-alit tuwin mariyêm palayangan padatan, ing bakda taun Dal tambah ungêlipun mariyêm agêng-agêng kalih sami pusaka [pu...]

--- 921 ---

[...saka] karaton, satunggal Kyai Syuhbrastha, satunggalipun Kyai Sagarawana, inggih ingkang ugi karan Kyai Nangkula-Sadewa.

Lajêng sapunika kathahipun têtiyang ningali ing wêkdal dintênipun bakda, sanadyan sabên bakda Mulud padatan inggih sampun kenging dipun wastani dasanan èwu tiyang gunggung kêmpalipun, nanging taksih langkung kathah bilih taun Dal, ing pangintên-intên sagêd tikêl kalih utawi tiga racak-racak, awit bakda Mulud taun Dal têtiyang ningali botên ngêmungakên têtiyang wêwêngkon nagari Surakarta kemawon, dalah saking sanès-sanès nagari, pasisir bang kilèn bang wetan punapadene Jawi Têngah, inggih ewon ingkang mrêlokakên ningali, katitik saking papan ing alun-alun, palataran surambi masjid Agêng tuwin sanès-sanèsing panggenan, sami bêntêt kêbak tiyang, prasasat botên wontên sêlanipun sakêdhik-kêdhika kangge malampah.

Wondene têtiyang ningali bakda Mulud taun Dal, punika tumrap têtiyang padhusunan sarta kaum kolot sasaminipun, ingkang kêlimrah prêlu ngalap bêrkah utawi sami adamêl pangèngêt-èngêt tumrap awakipun piyambak-piyambak, dados botên namung prêlu anggèning badhe bingah-bingah, ningali têtingalan maneka-neka thok: punika botên. Wujudipun ngalap bêrkah utawi adamêl pangèngêt-èngêt wau makatên: wêkdal bakda samôngsa sampun mirêng ungêlipun mariyêm agêng kêkalih kasêbut nginggil, tiyang-tiyang wau lajêng sêsarêngan sami nandangi padamêlan bêktanipun piyambak-piyambak, dipun garap dadakan ing sakala ngriku, ingkang kêlimrah adhakan sami dondom-dondom, damêl kanthong alit kangge wadhah arta tuwin sakajêngipun, utawi kêlimrah ugi sami nampar upat-upat pêcut, kadamêl angèn rajakaya sasaminipun. Ujaring kaol tumrap kaum kolot ingkang agêng kapitadosanipun, kacariyos padamêlan ingkang kagarap wau, ngalap bêrkah minôngka kangge pamuji, supados sabên bakda Mulud Dal awakipun ajêg sagêd ningali. Sawênèh kaol nyariyosakên, angsaripun sagêd awèt ênèm.

Wasana sarêng ngancik ing jaman kamajêngan, tigang dasanan taun sapriki, wontênipun kapitadosan bab ngêcakakên isarat sarana dondom-dondom sapanunggilanipun wau, lajêng wiwit suda-suda, dumugining jaman sapunika saya suda kathah, kenging binasakakên namung kantun satunggal kalih. Môngka jaman kawandasanan taun mrika, taksih kapetang ewon wontênipun, namung babing pahargyan agêng, tata ngadat karaton ingkang mêdalipun namung sabên sawindu sapisan pêndhak taun Dal, punika ingkang taksih lêstantun ajêg botên suda botên ewah. Botên langkung namung sak môngsaborong.

P.K. 585.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 4888 ing Kêpuh. Kajawèn nomêr 53 sampun têlas.

Lêngganan nomêr 1495 ing Surakarta. Sampun têlas.

Lêngganan nomêr 1311 ing Pêrdhagangan. Wisêl sampun katampi. Kajawèn nomêr 55 têlas.

Lêngganan nomêr 2442 ing Madiun. Dumugi 30-9-'32

Lêngganan nomêr 3895 ing Boton. Sampun katampi.

--- 922 ---

Panglipur Manah

Sambêtipun Kajawèn nomêr 58

[Dhandhanggula]

mundhak-mundhak kamajuan iki / damar gantung nganggo lênga patra / prandene kurang padhange / tansah kudu ingêsur / lampu kumpan lênga gasolin / padhange têkan dalan / ewadene durung / agawe marêming manah / nuli thukul diyan listrik yèn wong ngardi / ngarani damar setan //

ewadene ora anduwèni / durung masthi yèn atine padhang / amadhangi sêsamine / mring sakèhing pra makluk / malah klêbu bêbasan nguni / têtêp kalingan padhang / têmah nyanuk-nyanuk / mungguh tumraping wong nendra / anèng klasa jinèrèng gumlethak siti / prandene sêsênggoran //

nora kaya enake saiki / turu kasur tur ranjange tosan / santosa brukut klambune / prandene kagum-kagum / sugih impèn tan enak guling / mungguh wong alêlungan / kang kapenak mlaku / bêbasane ngulêr kambang / satitahe tur bêtah mangangkah yêkti / katêkan kang sinêdya //

balik mêngko wus sarwa linuwih / kapenake tan kaya montoran / sêpur kilat sêsamine / tur nèh sinambi ngantuk / uwis têkan liyan nagari / ewadene tangisan / narocos adus luh / yèn pilihane manungsa / nora kaya wibawane dadi pyayi / mukti alaming kuna //

balik alam lakune saiki / basa wirya sasat wus tampikan / tiwas mung ngrusak atine / kajaba tambah bingung / rina wêngi cik-ancik êri / mung tansah têrataban / bêja nora gêmblung / tumibane kalatidha / ewuhaya ngreka budayaning budi / dalane karaharjan //

yèn winawas kamajuan iki / kang kalaku baya wus utama / sanyata gêdhe uwohe / dene wus wancinipun / amêmiyak pêtênging budi / kang misih anèng jaman / palimêngan punggung / gumregah wêruh pêpadhang / dumadakan pêpêtênge anglimputi / ngluwihi saking ngêkat //

kalamôngsa yèn lagi nêkani / wus mangkono salakuning jaman / sajak angèl piyakane / tur akèh sing wis baut / pintêr-pintêr maca lan nulis / kamanungsane jêmbar / mrasuk balung sungsum / bêbasan nora kainan / parandene ubayane balenjani / pinêngkok ing bêbaya //

jaman bosên tan kaya saiki / pindha janma ngingu sato kewan / duk maksih sênêng-sênênge / ngalor-ngidul dikurung / dirumati kalawan bêcik / nanging samêngko ora / bosêne wus thukul / sirna kamanungsanira / ngon-ingone ginêtak kalawan wani / ambyar kasiya-siya //

puluh-puluh mung kari nglakoni / amênangi jaman ora enak / wus bêjane dhewe-dhewe / nora kêna tinutuh / sapa lena bakal katali / lali ana pêpadhang / sulap nunak-nunuk / gêdhe cilik nora beda / èpèh dahwèn jail muthakil digoni / amrih sangsarèng liyan //

titi tamat panitraning tulis / Saptu Paing ping nêm likur tanggal / Paningron paringkêlane / Sapar wuku Kulawu / môngsa kasa ingkang lumaris / Dal windu Sancaya /Guru lagu seharusnya 7a : Dal windune Sancaya. wanci jam sapuluh / tinêngran angkaning warsa / kagunaning gunjing pangèsthining urip / katandhan Bocah ladak //

--- 923 ---

Bab Tanêman

Bab Sêkar

Sambêtipun Kajawèn nomêr 58.

Ing ngajêng sampun kacariyosakên, bilih aslining sêkar wau saking tanah ngamônca, ing nagari hawa asrêp, dados tumindakipun nanêm inggih wontên ing tanah parêdèn, dipun tindakakên dening tiyang ahli.

Panggaotan wau saya dangu saya sumêbar, tuwin para ahli nênanêm nuntun dhatêng têtiyang tani, dangu-dangu inggih lajêng wontên ingkang nindakakên, nanging sarèhning suburing tanêman wau wontên siti parêdèn (pasitèn hawa asrêp) mila limrahipun namung dipun tindakakên dening tiyang parêdèn.

Têmtunipun ing sakawit inggih botên sapintêna, nanging dangu-dangu inggih wontên ingkang katingal dados panggaotan agêng, kados ta ingkang pinanggih ing tanah Priyangan, wontên tiyang siti nama Kaji Husèn ing Sindhanglayah, Cianjur, akêbon sêkar ngantos andadosakên ing kasugihanipun, bêbathènipun ing dalêm sawulan ngantos sagêd tigang èwu rupiyah, gadhah oto momotan piyambak pintên-pintên, sabên dintên kangge ngêmot sêkar kabêkta dhatêng kitha-kitha ingkang nampèni sêkar-sêkaripun wau, oto tumpakanipun piyambak rêgi kawan wêlas èwu.

Kamajênganipun tiyang siti ingkang samantên punika pantês angsal pangalêmbana.

[Grafik]

Apêl nuju sêkar amrok.

Sapunika mangsuli dhatêng ing bab sêngsêming sawangan dhatêng bab sêkar, tumrap raosing tiyang, kados ing pundi-pundi sami kemawon, upaminipun tiyang ningali wit-witan ingkang nuju sêkar, amroking sêkar wau pinanggihipun wontên ing sawangan, sagêd nuwuhakên raos têntrêm, saya manawi ingkang dipun sawang wau pancèn salugu papan ingkang maligi isi sêsêkaran, [sêsê...]

--- 924 ---

[...karan,] punika saya kiyat panarikipun, upaminipun ningali papan ingkang pancèn kangge mitongtonakên sêkar, ing ngriku sagêd nyumêrêpi adining sêkar warni-warni. Saya tumrap ingkang pinanggih ing kêbon sêkar, katingal kados gumêlaring papan katêntrêman.

Sanyata sêkar punika agêng pigunanipun.

Kajawi nanêm sêsêkaran, ugi kathah têtiyang ingkang nanêm sayuran, awit sayuran punika condhonging gêsangipun inggih botên beda kadosdene sêsêkaran, wontên ing hawa asrêp. Mênggah pamêdalipun, tumrap ingkang sampun agêng inggih undha-undhi kemawon, nanging tumrap ingkang dèrèng sagêd ambucal, gampil panyadenipun sayuran. Dados mênggahing wosipun, sasampunipun sagêd nanêm, inggih kêdah mangrêtos dhatêng panyadenipun, punika sampun limrah dados gêgandhenganipun ulah siti kalihan dagang.

[Grafik]

Kêbon kobis ing parêdèn tanah Priyangan.

Umumipun ing bab sayuran, punika pinanggih ing nagari pundi-pundi, sanadyan ing nagari ingkang têbih saking papan hawa asrêp, inggih wontên sayuran, dumuginipun ngriku sampun timbal-tumimbal saking tanganing bakul, mila rêginipun inggih sampun awis.

Nanging tumrap sayuran ingkang gampil-gampilan, sanadyan ing papan hawa bêntèr inggih sampun wontên ingkang nanêm, kajawi tumrap sayuran ingkang pancèn botên jodho dipun tanêm wontên ing papan ingkang hawanipun bêntèr, kados ta kobis, punika sanadyan dipun tanêm wontên ing pundi-pundi sagêd gêsang, nanging pinanggihipun botên ngiribi babarpisan kalihan ingkang dipun tanêm wontên ing papan hawa asrêp, makatên ugi tanêman sanès-sanèsipun.

Sintên ingkang sampun nate nguningani ing kêbon sêkar utawi sayuran tamtu karaos sênêng ing panggalih, wujudipun ngantos botên mèmpêr manawi tanêman wau dados padagangan, katingalipun sajak kados têtanêman ingkang dados pasrèn, awit sarwa nêgsêmakên. Nanging mênggahing nyatanipun, tanêman ingkang gumêlar ing ngriku punika prasasat donya sumêbar, kantun mêndhêti kemawon.

Cobi mriksanana wujuding gambar tanêman kobis ing nginggil punika.

--- 925 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Kawontênan ing Bopên Dhigul

Sambêtipun Kajawèn nomêr 58

Sawangsulipun sadhèrèk Amat bin Husin saking nyobi nêdya minggat, punika lajêng damêl griya wontên ing kampung A, dunungipun wontên ing sangajênging kantor pulisi panjagi katêntrêman. Sarêng sampun dados saha sampun dipun anggèni sawatawis wulan lajêng kasade dhatêng salah satunggiling tiyang bucalan asli saking Bantên. Sadhèrèk Amat bin Husin sasampuning griyanipun kasade lajêng pindhah dhatêng kampung C, mondhok ing griyaning mitranipun.

Ing sarèhning sadhèrèk Amat bin Husin punika tiyang lêgan, manawi gadhah pikajêng punapa-punapa sampun tamtu botên wontên ingkang anggondhèli, beda kalihan ingkang anggadhahi bojo, manawi badhe nindakakên punapa-punapa kêdah têtimbangan.

Kajawi punika, sadhèrèk Amat bin Husin punika anggènipun tadhahgadhah. sêdya badhe kesah saking tanah pambucalan rumiyin piyambak. Amila sarêng wontên salah satunggaling tiyang bucalan ambêkta gambar tanah Papuah (Nieuw Guinea) lajêng nyambut saha katamatakên margi ingkang nuju dhatêng tanah Papuah ingkang dados wêwêngkoning karajan Inggris. Sarêng sadhèrèk Amat bin Husin sampun mangrêtos marginipun lajêng damêl golongan nêdya ngesahi tanah pambucalan. Pados kônca kaajak ngesahi tanah pambucalan punika gampil sangêt, jalaran ing wêkdal wau kathah tiyang bucalan ingkang putêk ing manah. Sababipun têtiyang bucalan anggadhahi manah judhêg punika warni-warni, kados ta:

1. Têtiyang bucalan punika radin-radin anggadhahi pamanggih, bilih botên badhe sagêd wangsul dhatêng tanah wutah rahipun.

2. Ing salami-laminipun botên badhe sagêd sêsrawungan kalihan kulawarga ingkang kantun wontên ing nagarinipun.

Jalaran sanès-sanèsipun rêkaos anggèn kula badhe angandharakên, namung kula nyumanggakakên dhatêng para maos, kadospundi putêking manahipun têtiyang bucalan, ingkang sami manggèn ing têngahing wana, ingkang suwaunipun sami manggèn ing nagari ingkang rame. Langkung-langkung têtiyang bucalan ingkang botên gadhah anak bojo, inggih têtiyang bucalan ingkang botên gadhah tanggêlan punika, ingkang kathah anggadhahi manah judhêg. Saking judhêging manah lajêng anuwuhakên tekad ingkang agêng anasak wanawasa, ingkang sêdyanipun badhe angoncati tanah pambucalan.

Sasampunipun sadhèrèk Amat bin Husin angsal mitra ingkang kaajak angesahi tanah pambucalan, paminggatipun lajêng dipun adani malih. Ing golongan punika anggadhahi prajanjian makatên: têtiyang bucalan ingkang sêsarêngan punika kêdah anggadhahi têgêl, liripun bilih wontên salah satunggiling tiyang bucalan ing golongan punika nandhang sakit, ing môngka sakitipun sampun botên sagêd dipun ajêng-ajêng sarasipun,

--- 926 ---

punika kêdah têgêl anilar. Jalaran bilih botên makatên badhe dados sabab andhêging lampah.

Sadhèrèk Amat bin Husin nalika badhe bidhal punika mêntas dipun tuwèni mas ajêng malariah tropika (sakit malariah tropika), saha sakitipun dèrèng saras babarpisan, dados wiji sakit malariah taksih wontên. Wontên ing satêngahing margi sakitipun sadhèrèk Amat bin Husin kambuh, ananging wilujêng jalaran tandhonipun pil taksih wontên, saha taksih sagêd anêrusakên lampah. Sanadyana taksih sagêd anêrusakên lampah sampun tamtu kanthi rêkaos, sampuna bangsanipun tiyang agêng tekadipun sampun tamtu mopo wangsul ing margi.

Sanadyana sadhèrèk Amat bin Husin punika kados makatên, ing sarèhning sêsakit malariah punika bilih dèrèng ical babarpisan, kambuhipun enggal sangêt, saha kambuhan punika langkung rêkaos katimbang kalihan nalika sawêg kataman, sampun tamtu kemawon nalika kataman badanipun taksih kiyat, ananging sarêng kambuhan punika badanipun sampun ringkih. Badhe kasambêtan.

Aris Munandar.

Kawartosakên Kalayan Opisil, Pambikakipun Lotre

Central Comite voor steun aan werkloozen.

[Grafik]

--- 927 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Adêgipun H.B.S. tuwin A.M.S. Nasional

I

Garèng : Ora Truk, nèk tak gagas-gagas sing nganti mulêd bangêt, anane malèsèd kiyi sathithik-sathithik têka iya ana bêcike, dhing, wong sajake kabèh-kabèh padha banjur owah, padha salin salaga. Sing biyèn padha dhêmên ropyan-ropyan dhêmên main royal, saikine arêp migunakake dhuwit sakêthip bae, anggone ambolak-balikake kêthipe iya saêjam dhewe. Kang mangkono kuwi pancèn iya mèmpêr, jalaran saiki kiyi golèke dhuwit pancèn iya rada ngrêkeos, wah, sabanjure kiraku kêna diarêp-arêp têmênan, yèn bôngsa inyong kiyi bakal wêruh bangêt nyang ajine dhuwit. Apamanèh bangsane bêndara-bêndara priyayi, wah, kiyi anggone salin salaga iya rada diêmat têmênan. Dhèk biyèn nèk ana wong sêsumbar: hêk-hêm, aku priyayi, hèh, wêruh kowe. Sabên uwong iya banjur ngawêt buntute sanalika. Dadi dhèk biyèn ngaku: aku priyayi, kuwi pancèn iya: anjêjak, nanging nèk jaman saiki ditakoni nyambutgawene bae, ana sing mangsuli mangkene: kula makatên narimah ngabdi dhatêng kangjêng gupêrnêmèn. Hara, sajake wangsulane rak kaya wong sing isin kae, sêmune ing batin ana banjure mangkene: saupami kasagêdan kula punika anyêkapana, wah, mêsthi... bablas. Apamanèh yèn ana sing mituturi: dipotonga blanjane 10%, ora dadi apa sèh, asal kêndhile ora tau mêngkurêp bae, sanadyan lêlawuhane têrus-têrusan kudu narima: ... iwak asin.

[Grafik]

Petruk : Kok iya lumrah, wong kuwi nèk dêdêge cupêt kaya Kang Garèng kiyi, iya anak turune Si Suta lumrah bae, utawa sing turunan sahohah, sing nganti sok kudu diaturi: kangjêng pisan, lo kuwi lumrahe atine iya sok cupêt, watake: jail mêthakil, dahwèn lan opèn. Dhêmên nèk andêlêng wong susah, panas manawa wêruh wong bungah. Kayadene kowe kuwi, Kang Garèng, sajake têka malah anggêguyu, [ang...]

--- 928 ---

[...gêguyu,] lan ngerang-erang marang para priyayi sing saikine padha pating jêmpalik kuwi. Pancène rak malah kudu wêlas...

Garèng : Hara, petruk kiyi rak kaliru tômpa bangêt, wis mêsthi bae yèn aku wêlas, nanging sajêrone wêlas mau ana bungahe, jalaran, sabab dening jaman malèsèt kiyi, para priyayi sajake kaya padha dielingake nyang Sing Kuwasa, nèk salirane kuwi, sanadyan luhure pangkate sêtêngah malaekat, nanging sanyatane mung manusa blaka, têgêse: bisa ngêlu, bisa mulês, bisa kapêksa kudu... ngêmplang utange. Pangkate bisa saya muluk, nanging iya bisa dijabêl. Pamêtune bisa saya sathekruk, nanging iya bisa saya mungkrêt. Dadi cêkake, ora beda karo wung lumrah, iya bisa bêgja, bisa cilaka, malah bisa... kêbêbêlên barang. Nèk wis gênah têtela mêngkono, sawênèhe para bêndara priyayi, sing sajêg jêmblêg angrumaosi putra wayahe eyang Yamadipati, rak banjur kagungan kayakinan, yèn salirane kuwi ora beda karo para bawahe, têgêse: padha-padha titahing Ngabathara. Ing sarèhne wis ngrumaosi padhadene mahluk, wusanane sing mêsthi nèk ana bawahe ora pati brangkangan utawa panyêmbahe ora pati andharindhil, ora kok banjur anjêthuthut utawa mlerok bênggala, nanging iya mung ayêm bae, awit rumaose: kae karo aku rak iya padha-padha mahluk. Nèk kabèh rata wis bisa mangkono, cêkake kêna diarêp-arêp, yèn ing tanah Jawa kuwi para priyayine ora ngêmungake pintêr-pintêr, nanging kajaba kuwi, sing ditêngênake iya ora anggone ngrumaosi, anak dewa putune bêndara Gusti Allah, nanging sing ditêngênake... kamanungsane, hara, nèk dipikir mêngkene, apa iya ora ana bêcike malèsèd kuwi.

Petruk : Wiyah, wiyah Kang Garèng, hambok aja kêbangêrêk mêngkono. Nèk digagas dawa mêngkono, sanyatane sing dielingake karo Sing Kuwasa, ora ngêmungake para dara-dara priyayi bae, nanging kabèh sajagad abuh kiyi, dadi iya para partikulir, para tani, para among dagang, dalasan anane pangajaran bae iya olèh labragan, tandhane: akèh bae sêkolahan-sêkolahan sing diprithili, sing diungkrêt, malah ana sing dilabasake babar pisan.

Garèng : Nèk mung didêlêng saprepedan, apamanèh mungguhe tanah Jawa kene, sing anane pangajaran lagi kênduk-kênduk arêp maju, katone iya sawiyah-sawiyah bangêt, awit kayadene banjur ana komandho: sêtop, samene bae, aja muluk-muluk, mêngko mundhak hêrè... wèl. Nanging nèk digagas sing rada anjalimêt, wajibe kenene kudu ngucap: Alkamdulillah, dene ana prithilan pangajaran, ora 25 utawa 30 taun kang kapungkur. Saupama iki ditindakake 25 utawa 30 taun sing wis kapungkur, rak iya kojur ora ilok têmênan, awit pintêr-pintêre wong Jawa kala samana rak isih jênêng: satêngah madon. Balik saiki, wong Jawa sing wis olèh pangajaran sing dhuwur-dhuwur kuwi, rak wis bal-balan. Dadi barêng sakèhing pangajaran padha [pa...]

--- 929 ---

[...dha] diprithili lan didibuntungi,dibuntungi. iya ora kewran, malah banjur cekat-cèkêt nêdya ditandangi dhewe. Buktine: kajaba saiki sakolahan rêndhah duwèke bangsane dhewe wis sasayahira, pamulangan Mulo kabangsan prasasat wis pating tlècèk. Malah jarene ora watara suwe manèh ing Kêdhiri arêp dianani H.B.S. kabangsan, lan ing Surakarta arêp didêgi A.M.S. iya kabangsan. Ing môngka nèk andêlêng bakal guru-gurune iya bôngsa kampi kabèh, wong iya bangsane insinyur, mèstêr, dhoktêr lan sapêpadhane. Ewasamono, Truk, ing sarèhne sing padha mulang kuwi kabèh padha bôngsa Indhonesiyêr, ing têmbe para muride cara Landane apa ora padha kithal.

Petruk : Wah, kiyi rada angèl anggonku arêp mangsuli. Mulane aku banjur malês duwe pitakonan: sakolahe para murid kuwi, niyate arêp ngudi dadi Walônda, apa mung ngudi mênyang kapintêran. Nèk sakolahe mau arêp ngudi dadi Walônda, kêpingin ngênggoni jênêng: Wèlêm Petrus utawa Jakob, cara Lôndane iya kudu: cas cis cus bangêt mulane iya kudu sakolah sing ngêmungake diwulang ing bôngsa Walônda bae, sokur bage bisa sakolah ana ing nagara Walônda pisan, dadi bisa saya kompêlit, bisa ngiras-ngirus sinau mangan: roti mêrtega lan kulit kênthang barang. Dene nèk sakolahe mau mung arêp ngudi nyang kapintêran, dadi ora prêlu bisa cara Walônda sing nganti ngèsès, cukup anggêre ngrêti bae, kaya-kaya ing sakolahan-sakolahan kabangsan mau wis ora ngapirani. Mulane saiki mung kèri milih bae, kêpengin isih jênêng: Jawa dêlês, nanging kapintêrane ora pati kalah-kalah bangêt karo bôngsa Walônda, apa kêpenging dadi jêkèk Walônda... gadhungan.

Têtumpakan Atax

[Grafik]

Ing sisih punika têtumpakan bangsaning Demo kados ingkang sampun ragi kalimrah ing tanah ngriki, nanging sanès malih. Inggih punika ingkang dèrèng dangu kapitontonakên wontên ing Batawi dening Borsumy, ingkang andhatêngakên têtumpakan wau.

--- 930 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI.

Putra Nata Siam badhe dhatêng tanah ngriki. Wontên pawartos, Pangeran Pariabrata, ingkang kawartosakên calon badhe gumantos nata saha badhe dhatêng Eropah, badhe mampir dhatêng tanah ngriki rumiyin, lajêng sawêg bidhal dhatêng Eropah.

Punapa tanah ngriki punika dipun panggalih dados tanah panglipur.

[Grafik]

Tandhingan sepak raga ing Bêtawi. Kawartosakên, dintên Minggu sontên ingkang kapêngkêr ing alun-alun Deca Park, Bêtawi Centrum kawontênakên tandhingan bal, inggih punika Keung Wah mêngsah kalihan S.V.B.B. kawontênanipun seri.

Inginggil punika gambaripun para sawungipun Keung Wah.

Arta krêtas ingkang badhe katarik wangsul dhatêng Javasche Bank. Awit saking wara-waranipun president tuwin directeur Javansche Bank, arta krêtas ingkang wêdalan taun 1897 dumugi 1924 badhe katarik wangsul, botên kagiyarakên malih. Sintên ingkang anggadhahi arta wau supados anglintokna dhatêng kas-kas bank, ngantos dumugi tanggal 31 Maret 1934. Langkungipun saking titimangsa punika, namung badhe dipun bayari dening Javansche Bank Betawi, nanging ugi sagêd nêdha pitulungan dhatêng bank sanès-sanèsipun, namung lêlahanan.

Sintên ingkang sugih arta wajib migatosakên bab punika.

Ngèndêli punggawa. Konggres J.C.J.L. ngèndêli punggawa 29 juru mudi tuwin 13 masinis, margi wontên kapal 12 kang kasade.

Sintên ingkang nyana manawi kawontênanipun jaman kados makatên, kongsi kapal sagêd ambruk.

Kadurjanan kajêng. Pèlpulisi ing Malang kidul mêntas nyêpêng durjana kajêng 4, sampun nêgor kajêng jati nèm 185 wit, ingkang inggilipun 130 m. Mlêbêtipun durjana dhatêng wana sarana ngrisak pagêr salatara.

Kajêng samantên kathahipun punika arak sasat tiyang badhe dados dagang kajêng.

Pasabinan dipun têmpuh ing ama tikus. Ing bawah Tasikmalaya wontên pasabinan dipun têmpuh ing ama tikus, ingkang risak langkung saking 20 bau. Departemen Tatanèn sampun aparing racun tikus saha sampun kacobi, dayanipun dèrèng katingal.

Kalamangsa punika manawi sawêg botên sae. Dalah tikus kemawon inggih nyarêngi kados makatên.

Kopral kominis. Kawartosakên ing Bogor wontên kopral 6 katahan, amargi sêsorah kominis, sami dipun cêpêng, nanging ingkang 3 dipun luwari amargi praskawisipun botên têrang..

Yak, dene wontên-wontên kemawon.

Tiyang ambalela ing Acèh. Wontên pawartos, ing tanah Alas wontên pakêmpalaning têtiyang ingkang nêdya badhe ambalela. Bab punika kadênangan dening pangagêng militèr, pangajêngipun dipun cêpêng. Kajawi punika taksih wontên tiyang 10 malih sami dipun cêpêngi. Ing pakêmpalan wau mawi nyorahakên ngèlmu warni-warni, malah mawi ngawontênakên dêdamêl punapa. Pangajênging pakêmpalan sampun dipun patrapi paukuman 6 taun, sanès-sanèsipun wontên ingkang 3 utawi 2 taun. Ing bab kajênging ambalela dèrèng kasumêrêpan.

Wiji kados makatên punika tumrapipun ing tanah Acèh taksih wontên kemawon.

Pantun kojur. Ing bawah distrik Paiton, Kraksaan, kathah tiyang ingkang dipun bêslah jalaran pajêgipun taun 1931 dèrèng sah. Sarêng pantun dipun lelangakên, sadhacin namung pajêng f 0.75. Wêkasan adamêl bingungipun para tani, lajêng nêdha pitulungan dhatêng P.S.I.I. Probolinggo. Sapunika sampun têpang rêmbag kalihan ingkang wajib.

Sêmantên rêkaosing manahipun tiyang gadhah pantun ing jaman sapunika.

Pangiritan Nagari. Parêpatan I.K.P. ngawontênakên mosi, nyuwun dhatêng parentah, supados panindaking pangiritan sarana mawi mawang dhatêng cacahing kulawarga.

Panyuwun kados makatên punika, manawi kasêmbadan badhe murakabi yêktos.

Sêsakit kewan ing Jawi Têngah. Mirit pèngêtan kawontênanipun kewan-kewan ingkang sakit, ing Jawi Têngah kapetang botên sapintêna, tuwin pundi ingkang kataman sêsakit muruh utawi tracak, ugi sagêd saras. Sapunika tumindaking pangrêksa tumrap kewan katingal saya kawigatosakên.

Punika nandhakakên manawi tiyang saya mangrêtos dhatênfg dayaning pangrêksa, pinuji sagêda lêstantun makatên.

Bangsa Portêgis minggat saking papan pambucalan. Wontên bangsa Portêgis bucalan cacah 8 ing Timur Dilly bawah Portêgis, sami minggat dhatêng Timur Kupang bawah Walandi. Para miruda nêdya nglajêngakên lampah dhatêng tanah Jawi, naging pangagêng ing Kupang botên nayogyani. Wusana lajêng [la...]

--- 931 ---

[...jêng] sami nêdya nglajêngakên lampah dhatêng Prancis utawi Sêpanyol.

Tiyang nêdya badhe mardika punika pancèn limrah.

Student Jêpan wontên ing Surabaya. Ing Surabaya kadhatêngan student-student pamulangan luhur dagang ing Osaka, dipun pangagêngi Prof. Ogata. Dhatêngipun ing tanah Jawi prêlu sinau dhatêng kawontênanipun. Ingkang dipun dhatêngi proefstation ing Pasuruan, sêkolahan warni-warni lan sanès-sanèsipun.

Tanah Jawi punika pancèn pangawak punapa?

Pinanggihing papriksan ing pucak rêdi Mêrbabu. Tuwan J. van Berkum, ingkang naliti pucaking rêdi Mêrbabu, prêlu ngudi sêsêrêpan ing bab patilasan kina, namung sagêd manggih lumpang utawi kuwali. Papriksanipun taksih kalajêngakên.

Punika rak barangipun tiyang kina jaman malèsèt kala samantên.

Dhukun têgêlan. Wontên tiyang èstri kalih ing dhusun Poleon, Buton, dados dhukun, nindakakên panganiaya dhatêng tiyang èstri ingkang nuju sakit ngantos tiwas. Mayitipun lajêng dipun kêlèti, prêlu kangge nulak setan. Dhukun wau lajêng kacêpêng saha kaukum nyadasa taun.

Tindaking dhukun punika têka ngantos kados makatên, mila kandêl tipising panganggêp dhatêng dhukun, wajib dipun singkiri.

Dipun saut ing ombak sêgantên kidul. Kawartosakên Nyonyah Van Eersel nalika lêlumban wontên sêgantên Kidul, sacêlakipun Surabaya dipun saut ombak. Lajêng wontên pitulungan sarana nguncali blèg lisah pèt kothong 2, nanging malah saya manêngah, wusana botên katingal. Botên dangu lajêng wontên motor mabur madosi, kalangan wontên ing gêgana, nanging ugi tanpa damêl. Sarêng sampun 3 1/2 jam nyonyah wau minggir piyambak, kabêkta ing ombak, lajêng dipun pitulungi dening tiyang siti, dipun pasrahakên dhatêng warisipun.

Wah, dene ngantos kados lampahan Sêmbadra larung. Sukur dene sagêd pinanggih.

Pancèn ulig-uligan. Sampun sawatawis dangu wontên bangsa Mexico ngakên professor nama Polecek lajêng nindakakên apus, kalampahan sagêd ngapusi toko mas intên, wusana lajêng kacêpêng saha kaukum. Tuwan wau satunggiling dintên cariyos sakit untu lajêng dipun bêkta dhatêng C.B.Z. Sadumugining C.B.Z. pulisi ingkang ngêntosi wontên ing jawi. Wusana tuwan wau kesah botên kasumêrêpan, dipun padosi dèrèng pinanggih.

Punika namanipun tiyang ngulur-ulur dosa.

Pamulangan luhur pangadilan. R.R. Sudarsini, M. Sunaryo tuwin Utomo sami lulus candidaat examen perangan kapisan ing pamulangan luhur pangadilan ing Bêtawi.

Sanadyan sawêg perangan kapisan, raosipun sampun angagêngakên manah, punapa malih punika wontên calon Srikandinipun.

Guprênur Jawi Têngah tindak pêpriksa. Guprênur Jawi Têngah mêntas papriksa dhatêng bale dhusun Pucungrêja, Muntilan tuwin dhatêng onderdistrik Ngaluwar (Salam). Mênggah wigatosipun kajawi nindakakên prêlu, ugi kaparêng nampèni sowanipun sintên kemawon.

Rawuhipun pangagêng ingkang makatên punika têmtu amaanani prayogi, awit sawarnining raos kabêtahanipun ngathahngakathah. badhe sagêd kalair.

Karajan Jawi ing Surakarta nyuda pajêg siti. Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana marêngakên badhe nyuda pajêg siti.

Sukur.

Salêbêtipun 14 jam kêdah kesah. Tuwan Gathot kalihan Muhammad Yamin, ingkang nuju mêdhar sabda wontên Sumatra nalika wontên ing Fort de Kock dipun wuwuhi dening Resident, supados sumingkir saking ngriku salêbêtipun 24 jam, tuwin dipun awisi amêdhar sabda wontên ing tanah Sumatra.

Punika nama manggih sandhungan ing lampah.

Parêpatan kabibarakên. Ing Gorontalo mêntas wontên parêpatan P.I. dipun dhatêngi tiyang 1500 dipun bibarakên dening pulisi, amargi wontên sêsorah ingkang dipun awisi. Mr. Iskak ingkang mêdhar sabda dipun bêkta pulisi, nanging inggih lajêng dipun mardikakakên. Bibaring parêpatan linut ing lêlagon Indonesia Raya sakalangkung rame.

Cooperatie ing Surabaya manggih rubeda. Ing Surabaya sampun wontên cooperatie kabangsan 210. Ing sapuinika wontên pawartos, cooperatie sadaya wau badhe kenging paos f 50.- Ing sapunika Dr. Sutomo sawêg rêrêmbagan kalihan Mr. Sartono.

E, wontên-wontên kemawon.

ASIA.

Jêpan tuwin Machu Kuo. Sanadyan commissie Volkenbond sampun pêpanggihan ingkang wêkasan, nanging minister babagan sajawining praja Jêpan botên mupakat ngwangsulakên Mansyurie dhatêng Tiongkok ingkang mêngsah Jêpan. Malah botên niyat badhe rêrêmbagan babagan Mansyurie kalihan Volkenbond utawi Tiongkok.

EROPA.

Taksih mogok. Pogokan ing Belgie mrèmèn dumugi papan pamêlikan arêng ing Campine, wontên tiyang 10.000 sami tilar padamêlan.

Bab nyambuti arta dhatêng Oostenrijk. Parepatan ing Volkenbond nayogyani suka sambutan dhatêng Oostenrijk sadasa yuta ponsterling, nanging wakil Jerman kèndêl kemawon.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun Sang Raja Victor Emanuel ing Itali, nuju ambikak pirantosing têtanèn.

--- 932 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

26.

Sasampunipun wicantên makatên, sêsupe lajêng dipun angge, wontên ing driji manis, awarni sêsupe êmas mripat bêrliyan, lajêng dipun sawang kanthi nêbihakên drijinipun. Nonah dhorah lajêng wicantên: Kowe kuwi pancèn pintêr milihake barang bêcik. Athik srêg kaya diukur, lèmu ngukur drijiku dhèk apa.

Êlo, ya sabên dina ta Dhorah.

Botên dangu kêtungka dhatêngipun tukang musik. Sasampunipun wiwit mungêl, ingkang sarêng sami gambira ing manah.

Nonah dhorah tuwin Radèn Sumarta taksih sami cakêtan. Radèn Sumarta lajêng wicantên: Dhorah, pancène kowe gênti awèh slamêt mênyang aku. Aku wis olèh pagawean ana Dhepartêmên Pangrèhpraja, balônja têlungatus rupiah.

Nonah Dhorah: Slamêt, slamêt Sumarta. Dadi blanjamu malah akèh saiki.

Iya, nanging pancèn wis wayahe aku tômpa undhakan balônja. Lan manèh ana pangalêmbana saka panggêdheku dhèk biyèn, dadi aku rumasa isih ana wong kang nrêsnani mênyang awakku. Kajaba kuwi, ing saiki aku wis pisahan karo bojoku. Mung kuwi kang andadèkake pamarêmku lan kowe.

Nonah Dhorah lajêng ngucap kados wicantên piyambakan: Mêsakake. Nanging kapriye manèh yèn kaanane pancèn ora nyênêngake, iya malah bêcik mangkono. Urip ana ing donya iku mung sadhela, yèn uripe arasa nêmu siksa, prêlune apa, satêmêne ora pisan-pisan aku ngrujuki ing bab anggonmu pêgatan, nanging tinimbang urip tansah angganyang ati, iya malah bêcik pêgatan. Anu, Sumarta, pagaeanmu saiki apa, lan apa kowe wis wiwit tapak nyambut gawe.

Tapakku nyambut gawe sesuk. Aku ditêtêpake manggon ana golongan arsip.

Nonah Dhorah tanpa kèndêl atêtakèn warni-warni, nanging pitakènipun wau kados êmbyang-êmbyangan kemawon. Awit mênggahing wosipun, sadaya namung tumplêk araos bingah, jalaran saking anggènipun pêpanggihan kalihan Radèn Sumarta. Wusana lajêng kêtungka panyêluking tamu kathah ingkang sami ngajak bingah-bingah. Sarêng sampun pêpanggihan, lajêng miwiti bingah-bingah sakatogipun.

Ing salêbêtipun bingah-bingah punika, Nonah Dhorah tanpa pisah kalihan Radèn Sumarta, tansah gêgandhengan dhansah kados pêpindhaning lung mulêt ing rambatan, namung kala-kala Radèn Sumarta inggih ngecani manahing liyan, gêntos ngajak dhansah dhatêng tamu sanèsipun. Wantunipun ingkang sami bingah-bingah ngriku para pangajaran, sanadyan wontên têmbung panggarap, nanging wêdalipun sinamun ing pasêmon.

Sayêktosipun Nonah Dhorah sampun angraos piyambak, bilih supêkêtipun kalihan Radèn Sumarta wiwit punika, botên araos kados supêkêting sadhèrèk. Saupami kala punika Radèn Sumarta angambali gadhah panêmbung dhatêng Nonah Dhorah, tamtu lajêng tinanggapan têtêp dados pacangan.

Radèn Sumarta piyambak inggih sampun karaos, bilih kawontênanipun Nonah Dhorah sampun ewah. Wôntênipun Radèn Sumarta dèrèng purun anglairakên raosing manah, saking taksih wontên ingkang dados pangajêng-ajêng malih, inggih punika ngêntosi têtêpipun angsal palilah saking parentah ing bab anggènipun nyuwun kasamèkakên bôngsa Eropah. Purunipun anglairakên panêmbung, samôngsa sampun sami drajatipun.

12. Jodho saking tiyang sêpuh

Mangsuli cariyos ing papan ingkang mêlasasih, inggih punika ing griyanipun Radèn Sumarta ing nagari S, ing sapunika katingal sakalangkung sêpên. Rintên dalu lawangipun botên nate kabikak, dilah-dilahipun inggih botên nate kasumêd, griya wau katingalipun kados griya suwung. Ingkang dados têtêngêr bilih ing ngriku taksih dipun ênggèni tiyang, sabên sontên katingal wontên tiyang nyurung kretan alit isi lare, wira-wiri wontên sangajêng griya.

Sadaya mitranipun Radèn Sumarta botên wontên ingkang dhatêng ing ngriku, awit para mitranipun wau, namung nganggêp mitra dhatêng Radèn Sumarta piyambak, tumrap dhatêng sanès-sanèsipun namung dipun anggêp kados juru lêlados.

Ing kala punika Radèn Ayu Prawira kalihan mantunipun sami nuju olah-olah. Suwita tilêm ngalepus wontên ing èmpèr wingking, dipun iyun wontên ing bandulan dening rencangipun.

Radèn Ngantèn Sumarta wicantên kalihan mèsêm: Dene ibu anggènipun olah-olah kathah têmên, kados badhe wontên tamu.

Radèn Ayu Prawira mangsuli: Tumrape wong pasa, olah-olah samene iki durung sapira.

Karsanipun ibu namung gudhang-gudhangan, punika têka kathah têmên olah-olahanipun. Ingkang badhe nêdha sintên. (Badhe kasambêtan)

--- 113 ---

Nomêr 29, taun III

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu

Sulapan

Wah, sangêt andadosakên bingahing manah kula, tuwin sangêt panuwun kula, dene kathah para mitra ingkang suka paring sêsêrêpan bab pratikêlipun nyulap. Bab sulapan ingkang waunipun kula botên mangrêtos babar pisan, wasana lajêng sagêd mangrêtos, awit anggènipun nêrangakên para mitra ingkang sagêd cêtha tur gamblang.

Sapunika gêntos kula ingkang nyulap, nanging sanajan punika sapele, ugi wontên gunanipun sakêdhik, kasumêrêpan para mitra kathah. Katêranganipun kados ing ngandhap punika:

Wontên sawênèhing tukang sulap, mêndhêt pisang wêtah (dèrèng dipun oncèki) ingkang dipun sadhiyakakên ing bangku, dipun têdahakên tiyang ingkang sami ningali, nanging saking têtêbihan. Lajêng mêndhêt lading, wêwayanganing pisang kairis, rambah kaping kalih utawi tiga, nanging anggènipun ngiris ngolah-ngalih. Sarta pisang lajêng kasukakakên sawênèhing tiyang ingkang ningali, kapurih ngoncèki. Sarêng pisang dipun oncèki têka saèstu tugêl kados kairis. Pancèn inggih ragi anggumunakên.

Nanging katêranganipun gampil kemawon, makatên: ing sadèrèngipun nyulap, pisangipun wau kacublês mawi dom, pisangipun kêdah milih ingkang kathah plênik-plênikipun cêmêng, supados manawi kacublês mawi dom botên katawis. Inggih punika pisang susu. Mênggah amblêsing dom, kakintên sampun ngantos têmbus ing kulit sisihipun. Dom lajêng kagarit-garitakên mubêng supados daginging pisang sagêd tugêl. Hara, kônca sami nyobia.

Kula pun Kuslan, Mangunsari, Salatiga.

--- 113 ---

Dongènge Wong Srêgêp lan Wong Kêsèd

[Asmaradana]

kacarita jaman riyin / ing desa Karangkêsaba / kang ngênggoni mung wong loro / kang siji aran Si Suta / siji aran Sadôngsa / Si Suta bêcik ing laku / lan srêgêp ing barang karya //

balik Si Sadôngsa iki / beda kalawan Si Suta / ora bêcik klakuane / datan nate nyambut karya / sabên ana ing ngomah / gawene mung mangan turu / sing rêkasa mung èstrinya //

--- 114 ---

kocapa ing saiki /Kurang satu suku kata: kocapa ing sapuniki. Si Suta mênyang ing wana / karo anggawa jarane / nênêm kanggo anggêgawa / lèh-olèh saka wana / esuk-esuk budhal mlaku / datan suwe têkan wana //

Suta banjur milang-miling / ora suwe wêruh ana / wit jêruk kang akèh wohe / Si Suta ora sarônta / trus diundhuh sadaya / tan ana kari kang jêruk / dimomotake ing jaran //

Si Suta trus mlaku malih / ora suwe banjur têkan / kali asat kèh iwake / Si Suta banjur anggagas / pêparinge Pangeran / kang tumiba ing awakku / sawise muni mangkana //

Iwak banjur dijupuki / dimomotake ing jaran / banjur mlaku alon-alon / ora kocap ana ngalas / momotane nêm jaran / iwak kayu lawan jêruk / têrus bali têkan ngomah //

satêkane ngomah nuli / wêwarta nyang anak kapat / padha bungah sakabèhe / mêngko kocap bok Sadôngsa / krungu warta Si Suta / olèh rêjêki sathekruk / trus kongkon karo sing lanang //

sing sing lanang banjur mangsuli /Lebih satu suku kata: sing lanang banjur mangsuli. wis kono ngliwêta enggal / sing wadon trus mênyang pawon / iya banjur olah-olah / sing lanang banjur nyandhak / arite kalawan wadung / sêdyane arêp diasah //

dilalah kêrsaning Widhi / yèn wong lagi kêpalangan / goning tansah turu bae / ya ora kurang jalaran / Dôngsa barêng nyang jaba / kabênêr sing wadon mêtu / ambuwang kumbahan jangan //

mak pyuk banjur angênani / mênyang mripate sing lanang / nganti ora bisa mêlèk / bali manèh têturonan / liding dongèng mangkana / wong kêsèd nêmu têngadur / wong srêgêp kèh rêjêkinya.

Sarbini, Salatiga.

--- 115 ---

Kêthèk lan Kucing Pêrang

Dhèk biyèn ana kêthèk lan kucing, padha diingu uwong. Wong sing ngingu iku kêrêp ngalêmbana mênyang kewan ingon-ingone mau, yèn kucing nuju anggêrêng, diêlêm: wah, si bêlang kuwi nèk anggêrêng kaya Patih Prahastha, ketok singêr, kiraku ora ana sing kuwat nandhingi. Dene yèn wêruh ingon-ingone kêthèk, tandange trampil, bisa mêre, diêlêm: si wênara kuwi prigêl bangêt nganti kaya Radèn Anila, dhasar rosa, patut-patute kuwat anjunjung gunung.

[Grafik]

Kewan loro mau sabên krungu dialêmbana, padha gêdhe atine, lan rumasa kaya Prahastha lan Anila têmênan, si kucing tansah gêrêng-gêrêng, ngetokake anggone sêru gêrênge. Si kêthèk mangkono uga, tansah mêre-mêre, rumasa yèn kaya Radèn Anila.

Sawiji dina, kucing liwat sandhing cancangan kêthèk, kêthèk banjur mêre ngêgèt, kucing nganti anjumbul, banjur anggêrêng.

Kêthèk calathu: Êlo kowe Prahastha, wani-wani anggêrêng kaya wedang sêmawah, apa kokira aku wêdi, mara nyêdhaka mrene yèn arêp tak taboki.

Kucing nêpsu, mangsuli karo nyêngkakake gêrênge, kêthèk nganti anjondhil, têmbunge: Kêparat kowe, Anila, ngabani sakênyoh-kênyoh. Kowe durung nganti bisa anggrayang êndhasku, wis kêna tak tapuk cangkêmmu.

Kêthèk: E la, babo-babo, kowe bisa napuk aku sasat bisa napuk angin. Majua. Yèn kowe êmoh maju, gilo tak balang watu. Anggone muni ngono mau karo ambalang têmênan, kucing katiban êndhase nganti muni: ngeong.

Kucing banjur nubruk si kêthèk, kêthèk endha, malah tèplêk ngrangkul gulu kucing, karo muni: Ayo budia.

Nanging kucing pancèn prigêl nalika gulune disikêp si kêthèk, sikile ngarêp sing têngên banjur ditumpangake tangane kêthèk sing kiwa, dinêtake sarosane, gulune digèdhègake, bisa uwal, sikile ngarêp têngên banjur ditapukake rai kêthèk, kêthèk nganti nyuwara: ciyèt, banjur ngunduri. Kucing anggêrêng mapan.

Ing kono kewan loro mau banjur padha sawang-sawangan, ngarah êndi sing kêlimpe, mêsthi tiwas, nanging loro-lorone padha prayitna, mripate awas, kucing anggêrêng, kêthèk plirak-plirik.

Wah, nganti kaya langên wanara.

Wis samene bae dhisik, suk Sêtu ngarêp wayangan manèh.

--- 116 ---

Trêsna Bapa

Sambungane Kajawèn nomêr 57

Tinêmuning kamulyan.

[Dhandhanggula]

Tinêmune lêlakon saiki / uwis cêtha wong kang kasangsara / sok nêmu kabêgjan têmbe / kaya pangeran iku / sapa ngira ngono saiki / dhasar dadi pangeran / rabi putri ayu / mêsthi agawe karasa / samubarang sing uwis tinêmu bêcik / lumrah dadi penginan //

nanging uwong adhakakan sok lali / yèn kabêgjan iku ora gampang / malah abot patukone / lakon mangkono iku / akèh bae wong kang mêruhi / barêng ana kamulyan / wong apangkat dhuwur / kang dudu asli bandara / banjur gumun gumune satêngah mati / iku kêliru tômpa //

awit mêsthi saka ora ngrêti / kamulyane yèn saka rêkasa / ora mêruhi susahe / kocap mêngko sang prabu / uwis yuswa sênêng ing galih / bangêt ngeman nyang putra / lan ngraos wis tutug / kaparêng arêp magawan / ngangkat putra kangjêng pangeran dipati / têtêp dadia raja //

wis kêlakon jumênêng saiki / prabu sêpuh lêrêm pasanggrahan / mung kala-kala rawuhe / ing mêngko prabu mantu / kaparênge andandosi/Kurang satu suku kata: kaparênge andêdandosi. kabèh diwangun anyar / sarwa bêcik mathuk / sauwise rampung tata / sabên-sabên sang prabu tindak ngidêri / jêro lan jaban kutha //

dhèk sang prabu nuju mariksani / kaanane ing desa ngadesa / bangêt karasa galihe / awit ing batos emut / mênyang bapa dadi wong cilik / tangèh yèn ngrasakêna / kamuktèning ratu / ing saupama isiha / wong tuwane wis mêsthi diajak mukti / mulya ana nagara //

sakondure sangsaya anggalih / nuli lênggah karo ingkang garwa / wusana ngandika ngene / wruhanira bok ratu / abot têmên gon sun panggalih / nyang rasaning kamulyan / kang tumiba ingsun / awit ingsun saka ngrasa / angèlingi wong tuwa kang wus suwargi / biyèn bangêt sangsara //

ing saiki barêng ingsun mukti / wong tuwaku uwis ora ana / dhuh iba gênging galihe / yèn ta mêningi ingsun / dadi ratu mangkene iki / kang iku muga-muga / sira yayi nurut / sun pundhut panrimanira / angakoni bapakku kang mung wong cilik / kang uwis ora ana //

matur mèsêm kangjêng pramèswari / nama anèh ingkang pangandika / mawi ngintên kae-kae / kula namung jumurung / sampun malih kang sampun swargi / nadyan mangke taksiha / kula mundhi purun / awit nama bapa kula / ing sakala sang prabu lêga ing galih / nuli alon ngandika //

sèwu bêgja anêrusi ati / dene sira ing ati narima / rasa rikuh ora duwe / iku luwih pitulung / anêrusi rêsiking budi / mung muga lêstaria / kang mangkono iku / awit yèn ta lêstaria / mêsthi akèh pamuji kang anêkani / saka kawulanira //

sakabèhe kang rasa pamuji / mung numrapi bêcik marang sira / beda yèn ta kaanane / wong ambêg ati angkuh / nyang wong akèh sasat ngêmohi / jalaran mung rumasa / saka gêdhe dhuwur / kang mangkono iku nyata / yèn atine kang bêning lagi kalêmpit / lali sapadha-padha // Arêp disambung.