Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-09, #1647

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1932, #1647
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-01, #1647. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1470.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-02, #1647. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1471.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-03, #1647. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1472.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-04, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1473.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-05, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1474.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-06, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1475.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-07, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1476.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-08, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1477.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-09, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1478.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-10, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1479.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-11, #1647. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1480.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-12, #1647. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1481.

Ôngka 73, 8 Jumadilawal Dal 1863, 10 Sèptèmbêr 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1141] ---

Ôngka 73, 8 Jumadilawal Dal 1863, 10 Sèptèmbêr 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Tatwawara - Petruk ing Salêbêting Pakèwêd - Bab Sêrat Hariwara - Bôngsa Indhu - Sêrat Pranacitra - Pulo Sèlèbês - Bab Luhur utawi Andhaping Drajating Bôngsa - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Tatwawara

[Pocung]

Pakne Pocung sung pèngêt mring anak putu / ujare mangkana / he para nak putu wuri / ywa katungkul gagas rêkasaning jaman //

luwung ngrêmbug pathokane wong tumuwuh / apa kang ingaran / dhasaring urip sajati / marma kudu eling kalawan waspada //

eling iku môngka têtalining laku / dene si waspada / kang dadi coloking margi / dêdalane kang anjog mring jaman ora //

ora suwung sawangane awang-uwung / ngêlangut kawangwang / silêm ananing dumadi / dadi kari karasa-rasaning rahsya //

jumbuh pêthuk pêpêthan pathine kumpul / kadyangganing surya / mrabani sakèh kumêlip / tan kumêlap-lape amboyong kadhatyan //

tangèh lamun tinutur têrange samun / mung wahyu nugraha / gêgaran dera marsudi / tan lyan srêgêp sarèhing wong puruhita //

--- 1142 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Petruk ing Salêbêting Pakèwêd.

I

Garèng : Salêbare kowe nonton karo aku lagi anu kae, kowe apa nonton Pasar Gambir manèh, Truk.

Petruk : Aku karo adhimu Makne Kamprèt nonton sapisan manèh, Kang Garèng, yaiku nalika malêm Minggu kang kapungkur kiyi. Nanging kala samono ana ing kana aku kloron nyêdhaki anggone mèwèk-mèwèk katimbang anggone ngèkèk-ngèkèk.

[Grafik]

Garèng : Aku ngandêl, Truk, wong kowe kuwi sok ora ngrêti petung, kiraku kowe ana ing salah sijining rèsturan wis kabanjur ngantêm krama sasayahira, barêng arêp bayar, kèlingan yèn sangune wis labas dianggo... dhomino lagi malêm Sabtune. Iya ora maido yèn kowe sakloron wasanane banjur mèmblèh-mèmblèh.

Petruk : Ngrêtia, Kang Garèng, wiwit ana sirkulèr saka pandhuwur anglarangi para priyayi padha main, tak tobatake têmênan aku gêlêm main, ning... ana ing pasamuwan, mêngko aku rak diarani priyayi sing ora nurut marang prentahe pandhuwuran.

Garèng : Ditobatake main ana ing pasamuwan, nanging nèk dhêlikan... lain prêkarah. Karo manèh nèk banjur ninggal main babarpisan, lo kok kaya dudu priyayi, rak iya ngono ta Truk. Ora, Truk, mara caritakna nyang aku, sabab dening apa nalikane kowe sakloron nonton ing Pasar Gambir lagi malêm Minggu kang kapungkur kiyi, kok nyêdhaki mèwèk-mèwèke katimbang karo ngèkèk-ngèkèke, dadi têgêse: malah akèh susahe katimbang sênênge.

Petruk : Mula iya mêngkono, Kang Garèng. Dene sabab-sababe mangkene: kowe rak iya wêruh dhewe ta Kang Garèng, yèn aku kiyi, sabab dening cilik-cilik iya pangkat jurnalis, saka komitening Pasar Gambir diwènèhi karcis, kang anjalari mlêbu mêtu ana ing Pasar

--- 1143 ---

Gambir satongtonane pisan kanthi gratis.

Garèng : Iya, iya, Truk, emane dene ana ing rèsturan têka ora gratis, ajaa sabên dina bojomu rak ora tau ngliwêt.

Petruk : Wayah, apa sasat bêndara-bêndara jaman biyèn: wèkmu wèkku, wèkku iya wèkku dhewe. Kala samono ing Pasar Gambir dianani balapan asu. Ing sarèhning tontonan sing mêngkono kuwi aku sakloron durung tau sumurup, mulane iya tak prêlokake bangêt nonton. Lumêbune ing papan balapan mau, kudu ambayar f 0.40, ing sarèhne wong aku, aku karo Makne Kamprèt iya kêna mlêbu bae. Ana ing tribinê: wong aku, mlêbu iya kêna-kêna bae. Sajêroning lungguh ana ing tribinê mau, barêng mengo ngiwa nêngên, ngarêp mêmburi wêruh yèn sing padha lênggah ana ing kono bôngsa gembong-gembong, kaya ta: rêsidhèn, asistèn, bêrgêmistêr lan sapêpadhane, wong iya aku, atine têtêp... lap-lapan.

Garèng : O, tak arani atine têtêp mantêp, jêbul têtêp lap-lapan, hla kok kaya jurnalis desa mêngkono, Truk.

Petruk : Lo, ora mêngkono, Kang Garèng, kala samono sanyatane aku ngrasa, yèn aku lan Makne Kamprèt kiyi bakune kêsasar, dudu ing tribinê kono panggonanaku, nanging tribinê liya-liyane. Iya bênêr kala samono ing kono ana gembong-gembong wong bumi loro, iya iku kangjêng bupati mistêr kornelis sagarwa, lan dhoktêr Radèn Suratma, panggêdhene pajagalan gumintê ing Batawi, nanging priyayi luhur loro kiyi, para luhur sing mung agawe susahku bae lan sing ngilangake kamardikanku ana ing kono. Mulane barêng kala samono ana priyayi luhur Jawa sakalihan rawuh, sing rada tak têpungi bangêt, sabab dhèk biyèn kônca sêkolah, tur jumênêng dadi pangarêping pakumpulan sing aku uga mèlu dadi wargane, ayêming atiku sakloron ing kala samono prasasat kaya disiram banyu ès têlung dhacin: cês, krêcês. Nanging kocapa, ing sarèhne priyayi luhur sakalihan mau sajake pados lênggahan, ing môngka larikan ênggonku kuwi kajaba ana ing ngarêp, isih lêga bangêt, mulane iya banjur dak aturi mangkene: môngga, pinarak ing ngriki. Toblas, ma- ti- a- ku. Aku ora olèh wangsulan, jêbul malah olèh... plengos, sêmune priyayi luhur mau ambatos mangkene: cung, kiyi dudu panggonanmu, ca- li- la- ca- li- li. Wah, Kang Garèng, rasaning atiku kala samono kaya kursi sing tak lungguhi amblês ana ka 10 mètêr jêrone.

[Grafik]

Kowe kudu ngajèni nyang aku, hèh...

Garèng : Wiyah, Truk, ambok aja guru ditômpa sing ora kêpenak mêngkono. Kiraku ora yèn priyayi luhur mau sêngaja paring plengos nyang kowe. Kowe kudu ngèlingi,

--- 1144 ---

Truk, yèn bangsaning ngaluhur kuwi akèh sing dipanggalih, iya akèhing pagawean, akèhe sobat-sobat sing padha nêmoni, malah bisa uga kala samono lagi manggalih akèhe... utange.

Petruk : Iya sukur alkamdulillah yèn pancèn ora disêngaja, mulane nèk ana salahku nyanthulani kiyi, muga-muga diparingi sêmpora bae. Awit kala samana aku pancèn rumasa nalôngsa bangêt. Nanging sanyatane mungguhing laku, nèk ana priyayi luhur, agêng... mustakane kuwi, malah tak alêmbana. Awit iya priyayi luhur sing kaya ngono kuwi, sing bisa gawe sênêng atiku, bisa amardikakake awakku, seje karo bangsane ingkêng bupati ing Mistêr Kornelis utawa Radèn Dr. Suratma, hla, kiyi priyayi luhur sing nyilakani, lan sing ora mardikakake awakku.

[Grafik]

... inggih anggêr pun paringi arta.

Garèng : Wah, hla, saya ora ngrêti aku, Truk, salahe apa ingkang bupati ing Mistêr utawa Radèn Dr. Suratma kuwi, dene kok arani gawe cilaka lan ora mardikakake awakmu. Barêng priyayi luhur sing salegêr mustakane, jêbul malah kok arani apik.

Petruk : Lo kuwi mangkene, Kang Garèng, priyayi luhur loro mau, saka bêcike tangkêpe nyang bangsane umat, nganti sok ora ambedak-bedakake bangsane ringin lan bangsane sukêt. Kayadene ingkang bupati ing Mistêr, iya bênêr durung tau priksa karo aku, nanging anggone mriksani kuwi kanthi sumèh lan ngrêsêpake ati, sêmune ora pisan-pisan kagungan panggalih: kowe wêruh, iki gusti kangjêng, hèh, balik kowe rak mung: sê- mut. Mulane tumrape aku, iya ci- la- ka, sabab banjur ora bisa mêrdika babarpisan, anggêr dilirik bae, lungguhku iya kapêksa banjur kudu ngapurancang angajèni, awit kanane sanadyan pangkat luhur, wong iya krêsa ngajèni nyang aku. Balik priyayi luhur sing rumasa putrane malaekat Jabarail, nyang wong kaya aku kiyi rak ora priksa, sabab ana ing mripate pancèn iya ora katon. Ing sarèhne ora katon, kenene iya bisa mardika, bisa sakarêp-karêp, arêpa aku ana ing ngrêsane lungguh jegang, pêthenthengan, lan sapadhane, iya ora dadi ngapa, sabab kanane wong ora priksa nyang aku. Badhe kasambêtan.

--- 1145 ---

Bab Sêrat Hariwara

Sing Ala Kêtara, Sing Bêcik Kêtitik

Sambêtipun Kajawèn nomêr 72.

Hariwara Wirapustakan, kaca 62 mungêl

b. Dhungulan punika sami kalihan dhêndhan kukudan, têgêsipun: pangapêsaning dewa, mungêl ing Sêrat Cênthini, makatên... (plêk kalihan pêthikan ing nginggil, namung dipun ewahi panyêratipun, kados ta: jawata, jawata. Sakèh, sakyèh).

Sumôngga, punapa botên elok sangêt ingkang kaping kalih, têka mêthik Sêrat Cênthini kemawon inggih tumbuk. Ingkang makatên punika mêsthi dede kapinujon, sampun têmtu manawi satunggalipun mêndhêt saking satunggalipun. Sapunika pitakènipun, êndi kang tiron, têgêsipun, sintên ingkang tumindak kirang prayogi. Wangsulanipun, miturut litterair onderzoek Hariwara Purbadipuran ingkang dipun tiru.

Bab titimôngsa

Kados ingkang sampun kapratelakakên ing ngajêng, voorbericht Hariwara Wirapustakan mawi taun 1890, kados-kadosa sêrat wau ing taun 1890 sampun rampung. Nanging sarêng dipun taliti ôngka taun wau pinanggih botên tulèn. Miturut angsal-angsalaning pamariksa, Sêrat Hariwara Wirapustakan punika sêpuh-sêpuhipun damêlan kala taun 1907 punika yèn tulèn.

Hariwara Purbadipuran, titimangsanipun dumunung ing têngah, salêbêting bab 34... kaya ta ing dina iki, tanggal ping nêm Mukaram taun Jimawal. Sèwu wolung atus patang / puluh lima kang lumaris / ... punika sami kalihan November 1914. Samangke pitakèn malih: bilih nyata, Hariwara Wirapustakan kala taun 1907 sampun rampung, punapa baya sababipun têka mêdalipun sawêg kala taun 1916. Manawi pitakèn punika kacocogakên kalihan atur kula ing Kajawèn No. 54, kados sampun botên susah dipun wangsuli. Dene bab titimôngsa 1837= 1907 ingkang tumrap ing kaca 28: o, manawi ing ngajêng sampun wontên titimôngsa ingkang botên kenging pinitados, inggih kêdah ngatos-atos dhatêng môngsa sanèsipun.

Ingkang sampun kêtatalan

Tiyang sêpuh kula, R.M.T. Purbadipura, ingkang sampun tilar dunya, punika botên nate nyêkarakên damêlanipun tiyang sanès, sadaya damêlanipun punika lugu damêlanipun piyambak, saking dhawuh dalêm Ingkang Sinuhun P.B. X ingkang jumênêng sapunika. Kados ta:

1. Sêrat Pakurmatan Supit Dalêm (H.W.H.S.P.B. X), kacithak ing pangêcapan Albert Rusche & Co. ing Surakarta kala taun 1899, buku limrah isi 140 kaca.

2. Sêrat Srimataya, anyariyosakên kala sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun bêksa wirèng. Kadamêl kala taun Jimawal 1813= 1883, kacithak ingkang sapisan ing pangêcapan Albert Rusche & Co. Surakarta taun 1898, buku alit 56 kaca. Kacithak ingkang kaping tiga ing

--- 1146 ---

pangêcapan Sie Dhian Ho & sons Solo taun 1922-1852, buku limrah 42 kaca.

3. Sêrat Nata Cangkrama, pèngêtan têdhak dalêm dhatêng pasanggrahan Langênarja, kacithak ingkang sapisan, ing Surakarta, kala taun 1898, ingkang kaping kalih taun 1922-1852 ing pangêcapan Sie Dhian Ho, 39 kaca.

4. Sêrat Sridana, pèngêtan banjir agêng ing Surakarta, kala taun 1823= 1893, ingkang sinuhun miyos baitan, kacithak kala taun 1922, ing pangêcapan Sie Dhian Ho, 17 kaca. Sri Mataya 3e druk, Nata Cangkrama 2e druk saha Sridana, dados satunggal buku wêdalan Sie Dhian Ho.

5. Sêrat Sri Karongron

Jilid 1 buku limrah 81 kaca, kacithak N.V.B.O. Surakarta, kala taun 1913.

Jilid 2 isi 103 kaca, kacithak, idhêm.

Jilid 3. isi 240 kaca, kacithak, idhêm 1914.

Jilid 4 isi 308 kaca, kacithak, idhêm 1916.

6. Sêrat Srinastuti, pahargyan pêpanggihan dalêm ingkang sinuhun kalihan Z.E.G.G. Mr.D. Fock wontên ing Sêmarang, 146 kaca, kacithak Sie Dhian Ho Solo kala taun 1922.

7. Sêrat Sriutama, pahargyan tamu saking Indo-China, Z.E.G.G. Pas Kwiye, 31 kaca, mawi gambar tiga iji, cithakan N.V.B.O. Surakarta taun 1930.

8. Sêrat Srimahargya, pahargyan tamu Raja Siyêm, Sri Bagendha Maharaja Prajadipak, praja dipaka), 41 kaca mawi gambar tiga iji, cithakan, idhêm ing nginggil.

Sêrat kasêbut ing nginggil punika sadaya mawi sêkar. Dados cariyosipun R.Ng. Dutawijaya ing Kajawèn No. 68 kaca 1062 kolom 1 adêg-adêg 2 punika mêsthi dora. Awit:

1. Wirapustakan babarpisan botên nate mamèrakên karanganipun dhatêng bapak.

2. Wirapustakan punika dhatêng bapak, ewa, kirang srêju.

3. Bapak botên nate nyêkarakên damêlanipun tiyang sanès. Kalihan malih bapak dipun cariyosakên ngêndika kados makatên dhatêng R.Ng. Dutawijaya, punika inggih dora, awit:

1. Kala samantên R. Ng. D. manawi kula botên kêlintu, sawêg dados jajar sarati. Bapak dados kaliwon damêl. Dados sêsrawungan ingkang kabêkta saking pandamêlan, babarpisan botên wontên.

2. Yuswanipun R. Ng. D. kalihan bapak, punika dede amput-amputipun, dados sêsrawungan ingkang kabêkta saking barakaning yuswa, inggih botên wontên.

3. Bapak punika prasasat botên nate ngêdali parêpatan R. Ng. D. kenging winastan priyantun ingkang majêng, rêmên pêrgadringan, dados sêsrawungan ingkang kabêkta saking pasaban, inggih ugi botên wontên. Kulina malih yèn kulinaa. Tandhanipun bilih Dutawijayan botên kulina dhatêng Purbadipuran, bakyu Purbaningsih (Puspakartikan) dipun wastani rayi kula.

Bab sêkaran

Bab sêkaran Purbadipuran kagalih dèrèng kenging

--- 1147 ---

dipun pamèrakên, kados sêkaran Suradipuran, saya sêkaran Rônggawarsitan, têbih sungsatipun, punika namung kula sumanggakakên, namung nyatanipun ingkang ngladosi sêrat sêkaran, ingkang sinuhun, wiwit kala dèrèng jumênêng nata, ngantos bapak seda, punika bapak. Sadaya panêmbrama bintang-bintang agêm dalêm, saha tamu-tamu ing karaton, punika ingkang kadhawuhan andamêl bapak. Sadaya sêrat-sêrat mawi sêkar ingkang kaparingakên putra santana dalêm, utawi abdi dalêm prayagung, manawi pinuju kagungan damêl (maringi pasumbang) punika ingkang kadhawuhan andamêl, inggih bapak. Malah ingkang sami tampi paring dalêm sêrat mawi sêkar wau, bilih botên sagêd ngunjukakên sêrat wangsulan mawi sêkar, inggih bapak ingkang dipun têdhani tulung andamêlakên.

Bapak sampun andamêl sêrat-sêrat sêkaran kasêbut ing nginggil, wontên ingkang kacithak ngantos kaping tiga. Sêrat Sri Karongron jilid I nalika sawêg mêdal, ing salêbêtipun 4 a 5 wulan, têlas. Malah Sêrat Srimataya ingkang cithakan sapisan, ingkang ngêdalakên Ki Padmasusastra, tiyang mardika... enz. Sêrat Supitan, ingkang ngêdalakên Ngabèi Wirapustaka, abdi dalêm mantri Radya Pustaka. Sêrat Nata Cangkrama, ingkang ngêdalakên Tuwan F.L. Winter, têgêsipun, bapak prasasat botên nate nyithakakên damêlanipun piyambak, punapadene damêlanipun tiyang sanès. Saya botên, sabab kajawi botên priksa cara-caranipun, utawi botên kuwawi ambayar waragadipun, inggih saking botên kêpêksa pados têdha sarana nyithakakên sêrat. Sawêg akal-akal badhe nyithakakên Hariwara wontên ing Waradarma, kalayan pro deo tanpa honorarium jêbul kêcathok.

Cêkakipun, sêrat-sêrat damêlanipun bapak ingkang sampun kacithak, punika mêdalipun saking tiyang sanès, botên saking bapak piyambak, dados wêdalipun sêrat-sêrat wau botên sarana dipun onyok-onyokakên.

Mênggah ingkang makatên punika bab awon saening barang lajêng pinanggih No. 2, ingkang No. 1 prakawis payu. Payu dipun capakên tiyang sanès, dèrèng tamtu payuning sade tinumbas, awit prakawis punika ingkang sumêrêp namung para Boekhouder-ipun toko ingkang nyade buku wau. Nanging bilih ngèngêti manawi wontên ingkang ngantos kacithak kaping tiga, punapa inggih botên nama pajêng.

Gêgandhengan kalihan bab awon saening sêkaran, kula rumaos kêpêksa mêthik sêrat kabar Bramartani ôngka 65, Akad Lêgi kaping 7 Siyam Alip 1843= 1912(?) Ing ngriku wontên panjurung mawi sêkar, ajalaran saking pandamêlipun Sêrat Sri Karongron jilid I, panjurung wau yèn dipun raosakên, kênyamipun makatên. Lo, wong akon gawe layang, aku kok ora mèlu dikon. Karodene sing dikon kuwi kok iya ora gêlêm ngajak aku, utawa sarasehan karo aku. Makatên kênyamipun. Dene pungkasanipun panjurung wau ungêlipun makatên.

Tumulada sang paramèng kawi / Radèn Ngabèi Purbadipura / ing jagad ngalela dhewe / sampurnèng têmbang kidung / inagnya jêng sri narapati / mèngêti lêlampahan / nalika ing dangu / têdhak [têdha...]

--- 1148 ---

[...k] marang Yogyakarta / pinapinta tinata kalawan titi / tan ana kaliwatan //

nadyan lêmpêr isi iwak têrik / gêdhe dawa pan kongsi sakilan / kang mangkono nora cèwèt / ywa malih ingkang pêrlu / baju putih mênthur kinanji / kabèh bisa kababar / karyeraming kalbu / nira Pak Iramênggala / myang Ki X Manadukara sêsanti / ngêmum barkahing nata //

kula mangrêtos manawi punika panglulu- batos kula: lah iya lulunên- nanging kados inggih cêtha sangêt manawi punika ungêlipun tiyang mèri, tiyang ewa kanthi panas ati dhatêng bapak. Lah inggih sumôngga, ta, sakarsanipun.

Sarèhne Pak Iramênggala, tuwin X punika nama sêsinglon, kula botên sumêrêp punika salugunipun sintên, dados pratelan kula punika botên tumuju dhatêng prayantun satunggal utawi kalih, ingkang kasumêrêpan (een of twee bepaalde personen).

Bab gayutan pamili, punika ingatasipun rêmbag kawruh (wetenschap) botên parlu, utawi botên kenging dipun gandhèngakên.

Dr. Purbacaraka. Batawi 1 September 1932.

[Grafik]

Sawung-sawung hocky Indhia, nalika dumugi Los Angeles dados tamunipun "Breakfost-club", lan pêpanggihan kayiyankalihan. Tom Mix bintang pilêm ingkang misuwur namanipun.

--- 1149 ---

Sêrat Pranacitra

Sêrat Pranacitra punika satunggiling sêrat cariyos kina, kenging dipun wastani sêmpalanipun Sêrat Babad Tanah Jawi, ingkang winêngku lêlampahan jamanipun Sinuhun Sultan Agung ing Mataram.

Dene jêjêring cariyos, nyariyosakên lêlampahanipun Rara Mêndut tuwin Bagus Pranacitra. Mênggah sêngsêming cariyos, tumraping bôngsa Jawi, sampun botên kêkilapan.

Mênggah bakuning cariyos ingkang kenging kangge wulang, pinanggih warni-warni, kados ta Ki Tumênggung Wiraguna, punika satunggiling prayagung luhur ingkang agêng panguwaosipun, katingal anggènipun sarwa sambada. Nanging wontên kuciwanipun, dene kyai tumênggung wau kadunungan panggalih ngêgung-êgungakên, satêmah damêl pêjahipun Pranacitra tuwin Rara Mêndut, ingkang sami kadunungan sêtya ing manah. Wosipun ki tumênggung saking kacuwan, dening botên kalampahan sagêd mundhut garwa paminggir dhatêng Rara Mêndut.

Tumrap Pranacitra tuwin Rara Mêndut, sanadyan nyatanipun kadunungan kasêtyan, nanging cêtha bilih tindakipun sarwa lêpat.

Dados mênggahing kajêngipun, manawi kaantukakên dhatêng wulang, ing ngriku anggambarakên pinanggihing wohipun lêlampahan lêpat. Nanging ugi kêbak isi piwulang sae.

Dene ing bab sêngsêming cariyos, pancèn botên nguciwani, tôndha yêktinipun, Sêrat Pranacitra wêdalan Balepustaka ingkang dipun wêdalakên kapisan, ing sapunika sampun têlas.

Kauningana, satêlasing buku ingkang kawêdalakên sapisan, Balepustaka lajêng ngudi supados Sêrat Pranacitra ingkang langkung tulèn, inggih punika ingkang mawi ungêl-ungêlan: Rara Mêndut asinjang guringsing, kêmbênira jingga pinarada, kêncana sêngkang bapange…

[Grafik]

Pangupadosipun wau sagêd angsal, sapunika sampun kababar, mawi rinêngga ing gambar, namung rêgi f 0.95.

Wêdaling Sêrat PranasitraPranacitra. ingkang kaping kalih punika, tamtu adamêl marêmipun ingkang sami maos.

--- 1150 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Pulo Sèlèbês

Sambêtipun Kajawèn nomêr 72.

Tumrap basa Makasar wontên alusanipun, nanging botên ewah pakêcapaning têmbung, namung ugêr saukara kawêwahan: kate, nandhakakên alus. Kados ta upaminipun:

[Grafik]

Kêkêmpalanipun têtiyang Makasar lan Bugis.

Tena= ora | Tena kate= botên | Balak= omah | Balak kate= griya | Niyak= ana | Niyak kate= wontên | Tenari balak kate= botên wontên ing griya

Makatên salajêngipun. Manawi wontên ing paginêman kathah têmbung kate-nipun, nelakakên paginêman alusan.

Tumraping kitha Makasar sawêwêngkonipun, pasiraman ing sagantên, sampun limrah, dene ingkang kangge pêng-pêngan, inggih punika ing Bantimurung sacêlakipun kitha Maros, têbihipun saking ngriku wontên 13 km., Makasar- Maros, wontên 30 km. Bantimurung punika wujud toya grojogan, inggilipun watawis 10 m, wiyaring lèpèn 15-an mètêr. Hawanipun asrêp sakeca. Ing ngriku sampun kaupakara dening bôngsa Walandi, sintên ingkang lumêbêt ing ngriku, siram utawi botên, kêdah mundhut karcis a f 0.15, tumrap ingkang ngrêsakakên kamaran, dipun sadhiyani. Sabên minggu kathah para tiyang ingkang mrêlok-mrêlokakên dhatêng Bantimurung, [Ba...]

--- 1151 ---

[...ntimurung,] bôngsa Walandi, Tionghwa, lan sanès-sanèsipun.

Pasiraman ingkang kados makatên, yèn ing tanah Mandhar, ing Akbaga, alit tur dèrèng kaupakara sae.

Hawa ing tanah Sèlèbês, kalêbêt hawa bêntèr, dene papan ingkang hawanipun asrêp minôngka kangge patirahan, inggih punika ing Malakaji, cakêt Bontain.

Palabuhan-palabuhan kapal ingkang kapetang sae, tur labuhing kapal sagêd mèpèt, inggih punika kajawi ing Makasar, ing Pare-pare, dene sanèsipun punika, dèrèng sagêd mèpèt.

Kuburan Dipanagaran, ingkang wontên ing kampung Jerak, botên dados pajirahaningpajiyarahaning. têtiyang ing ngriku, awit sampun sami gadhah papan pakaulan pating talècèk kathah sangêt, inggih punika ingkang kasêbut saukang. Wontên malih satunggal ingkang kangge agêng-agêngan, inggih punika ing Gowa, saking Makasar watawis 10 km, miturut gotèkipun para tiyang ing ngriku, inggih punika kuburanipun Sèh Yusup, ingkang miwiti anggiyarakên agami Islam ing Sèlèbês, pakramatan wau dipun sêbut Tuan Tasalamaka utawi Tuwan Tasalamae. Rumiyinipun papan wau prasasat papaning ratu, liripun para tiyang ingkang sumêja badhe sujarah mriku, manawi sampun dumugi ing margi ingkang anjog ing papan ngriku, kêdah sampun tumungkul, botên kenging cantênan. Môngka saking cungkupipun taksih watawis satêngah pal têbihipun. Saking dayaning kamajêngan, ing sapunika pajiyarahan wau sampun kathah kêndhonipun.

Pancènipun kula badhe ngaturakên dêdongenganing para têtiyang Sèlèbês ingkang satêngah kalêbêt babad, ananging sarèhning wêwaton kula namung miturut dêdongengan ingkang kasêbut ing buku-buku Bugis kina, kados ta: Lagaliga, lan sanès-sanèsipun, dados kula sandèkakên, awit ing ngriku kathah cêcriyosan ingkang nyêbal saking wêwaton, lan kathah gugon tuhonipun. Kados ta bab Sawiri Gadhing lan Lama Patotok, ingkang dipun cariyosakên, putraning Bathara Guru utawi dewa, ingkang run-tumurun lajêng anurunakên bôngsa Bugis lan Makasar.

Mila sêsêrêpan bab kawontênan ing Sèlèbês, kula cêkapakên samantên rumiyin, wasana nyumanggakakên para maos sadaya.

S.K.

Pawartos saking Rêdhaksi

Tuwan A.T. Karsana, ing Pakalongan. Sêrat panjênêngan sadaya sampun katampèn, nanging botên sagêd kasêmbadan. Panjurung kados makatên sampun kêrêp wontên.

Lêngganan nomêr 1361. Bab sajarah kados ingkang panjênêngan kintunakên punika, namung tumônja dhatêng ingkang gêgayutan, botên umum. Botên kapacak.

Tuwan Mh.N. ing Sampit. Panjurung panjênêngan sampun katampèn, sadaya sami babagan dêdongengan kilenan ingkang sampun kêlimrah. Botên kapacak.

Tuwan S. Hartana, ing Kêrtasana. Ingkang panjênêngan kajêngakên punika bokmanawi wangsuling gambar, punika manawi dipun têdha wangsul inggih kakintunakên. Panjênêngan badhe angsal pituwas sawatawis.

Lêngganan nomêr 4052 ing Cèpèr. Bratayuda kalêbêt ing jilid XXXI dumugi XXXIII. 2 Ingkang sade J.B. Wolters Gang Scott 5 Batavia C. wontên 4 buku, sabuku rêgi f 1.50.

--- 1152 ---

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

Bab luhur utawi andhaping drajatipun bangsa.

Motto: Sing sapa ngala-ala mênyang sadulure, munggahe mênyang bangsane, prasasat ngala-ala mênyang awake.

[Grafik]

D'Artagnan nalika prang tandhing kalihan Jussac.

Mênggahing tiyang, punika kadhang kawis sok sagêd anjunjung dêrajat punapadene adamêl arum namaning tiyang sêpuhipun, malah ngantos dumugi namaning sanak sadhèrèkipun pisan. Saupami wontên tiyang sae lêlampahanipun, luhur bêbudènipun sarta têmên ing manah, punika kêrêp kemawon lajêng dipun titipriksa mênggah ingkang anak-anak, lan sadèrèng-dèrèngipun têmtu kathah ingkang anggadhahi gagasan makatên upaminipun: "Wong kae têka samono bêcike, wis mêsthi yèn sing nurunake wong bêcik-bêcik, awit paribasane ana: "kacang masa tinggala lanjaran". Kosokwangsulipun manawi lêlampahanipun awon, bêbudènipun asor, dèrèng-dèrèng tiyang inggih sampun mastani: "Èh, uwong kathik ngono, gênah bangêt yèn anak turuning gêntho". Ing mangka dèrèng kinantênan, bilih ingkang mastani makatên wau sampun nyumêrêpi mênggah kawontênanipun tiyang sêpuhipun, ewasamantên sampun sagêd andumuk awoning tiyang sêpuhipun.

Botên ngêmungakên sagêd adamêl arum tuwin awon namanipun sanak-sadhèrèkipun kewawon,kemawon. sanadyan, tiyang satunggal punika nama ringkih kathik botên sapintêna, kadhangkala inggih sok sagêd anjunjung utawi ngasorakên têtiyang saha tanah wutah rahipun.

Kados ta: sadèrèngipun sang minulya Napoleon dipun wiyosakên wontên ing donya punika, sintên ingkang badhe ngrêmbag utawi ngraosi kawontênanipun pulo Corsika, inggih punika pulo tanah kalahiranipun sang minulya wau. Nanging jalaran saking kaprawiran, kêkêndêlan punapadene kawicaksananipun sang minulya Napoleon, ingkang ing wusana jumênêng nata wontên ing karajan Prasman, jalaran saking aruming asmanipun wau, ngantos dumuginipun sapriki tiyang Prasman piyambak botên rila sangêt, saupami wontên tiyang nyariyosakên bilih Sang Napoleon punika dipun wiyosakên wontên ing pulo Corsika. Pikajêngipun inggih supados Sang Napoleon wau dipun wastani tiyang Prasman sêjati. Samèntên dayanipun lêlampahanipun tiyang satunggal, ngantos tanah kalahiranipun kemawon kangge rêbatan. Dados kenging dipun wastani, bilih têtiyang Prasman ing batos badhe ngalap bêrkah dhatêng Sang Napoleon wau.

Conto malih. Sintên ingkang sampun nate maos buku: "Tiga Panglima Perang" karanganipun Alexander Dumas, ingkang kawêdalakên dening Bale Pustaka, têmtu badhe kasêngsêm dhatêng lêlampahanipun Sang D'Artagnan, ingkang sanadyan saklangkung anggènipun brangasan, nanging kaprawiran, kêkêndêlan, punapadene kasêtyanipun dhatêng ratu, adamêl gumuning tiyang. Sang D'Artagnan wau dipun lahirakên wontên ing provincie Gascogne. Saking katarikipun dhatêng aruming namanipun Sang d'Artagnan wau, lajêng

--- 1153 ---

kemawon tiyang amastani, bilih tiyang asli Gascogne punika lêrês brangasan, nanging kêndêl, prawira, têmên lan sêtya ing ratu. Ing mangka dèrèng kinantênan, bilih sadaya tiyang ngriku sami anggadhahi wêwatêkan kadosdene Sang d'Artahnand'Artagnan. wau, ewasamantên saking dayanipun tiyang satunggal kemawon, tanah wutah rahipun, inggih punika Gascogne, satêtiyangipun pisan, inggih lajêng angsal nama ingkang sakêlangkung arum gandanipun.

Samangke kadospundi mênggah kawontênanipun karajan Jêpan. Sabab dening punapa têka karajan punika sakêlangkung luhur darajatipun ngantos saindênging bawana prasasat awis ingkang nandhingi? Punika botên sanès inggih jalaran saking tindak lêlampahaning para kawulanipun, ingkang tansah ngatingalakên dhatêng dunya mênggah kaprawiran, kêkêndêlan tuwin kasêtyanipun dhatêng ratu saha tanah wutah rahipun. Mênggah kayêktosipun sadumuginipun têlas-têlasan abad ingkang kaping 19, praja Jêpan sakawulanipun punika prasasat botên kocap babar pisan. Nanging sarêng tuwuh pêrang Jêpan-Rus, ingriku kawula Jêpan ngatingalakên mênggahing kalangkunganipun, ingkang ngantos adamêl cingaking jagat raya. Kados ta: nalika salah satunggiling kapal pêrang Jêpan kenging dipun torpedo dening mêngsahipun wontên ing sangajênging pêlabuhan Port-Arthur, ingkang anjalari kapal pêrang wau kèrêm, botên sakêdhik prajurit Jêpan ingkang nêdya ngupados gêsang sarana gêgendholan wontên ing kapal ingkang sawêg kèrêm wau, ewasamantên sarêng sami sumêrêp bilih wontên baita mêngsahipun andhatêngi nêdya suka pitulungan kanthi botên kamanah panjang malih lajêng sami anjêlih: "binêai" saha sêsarêngan sami anggêbyur ing sêgantên.

Lo, samantên tekadipun prajurit ing Jêpan, aluwung pêjah katimbang dados tawanan mêngsah. Kajawi punika taksih kathah malih conto-conto mênggah agênging tekadipun kawula Jêpan, ingkang adamêl arum namaning têtiyang tuwin tanah wutah rahipun.

Kosokwangsulipun mênggahing karajan Mexico, punika sanadyan sampun nama nagari mardika sarta ugi anggadhahi pamulangan-pamulangan luhur ingkang anyêkapi, ewasamantên dening praja-praja sanès dèrèng dipun wastani nagari ingkang tata. Lo, punika jalaranipun botên sanès inggih sabab saking lêlampahaning para kawulanipun, inggih punika satunggal-satunggaling tiyang asring sami rêbat unggul, rêbat kuwasa, lan sasaminipun, ingkang sampun têmtu lajêng tansah anuwuhakên pêrang sadhèrèk. Jalaran saking punika inggih sampun layak kemawon bilih tata têntrêming praja tansah dipun agru-agru, saha lampah cidra, kados ta: nyade bangsanipun piyambak lan sasaminipun, tansah botên wontên kèndêlipun.

Mangga samangke sami ngrêmbag kawontênanipun ing nagarinipun piyambak, inggih punika ing tanah Jawi ngriki.

[Grafik]

Panganggenipun tiyang Mexico.

Nitik suraosipun babad tanah Jawi, ing jaman rumiyin, jaman karajan Daha, Singasari ngantos dumuginipun jaman Majapait tuwin jaman karajan Dêmak, tanah Jawi punika botên ngêmungakên kasuwur sabab dening loh jinawi gêmah ripahing tanahipun, sanadyan para kawulanipun ugi kaloka mênggahing kêkêndêlan tuwin kaprawiranipun, ngantos botên amung saindênging tanah basa Indonesia dados tanah wêwêngkonipun, nanging para prajuritipun ngantos sami anglurugi ing praja sajawinipun tanah basa Indonesia, kados ta wontên ing Malaka, Johor, malah ngantos dumugi ing Hindia wingking pisan. Mila inggih nyata, bilih ing kala sêmantên aruming namanipun tanah Jawi satêtiyangipun prasasat ngêbaki jagad raya.

Ngantos dumugi jamanipun Mataram, namaning tanah Jawi satêtiyangipun, sajakipun inggih taksih arum sangêt gandanipun. Nanging sarêng wiwit jaman Mataram wau, lêrês tanah Jawi taksih kaloka mênggahing loh jinawinipun, nanging kala samantên têtiyangipun sajak wiwit santun salaga, têgêsipun: kêkêndêlan tuwin kaprawiranipun, ingkang ing kala jaman Majapait sapênginggil kaloka dumugi ing pundi-pundi, wiwit jaman Mataram sêmunipun lajêng saya suda. Langkung malih sarêng bangsa kilenan dhatêng ngumbara mriki, ing sakawit bangsa Portegees, botên dangu lajêng bangsa Walandi, punika lajêng

--- 1154 ---

kêtingal sangêt, bilih kêkêndêlan lan kaprawiranipun bangsa Jawi saya mindhak tipis. Buktinipun kados ingandhap punika:

Kala Sinuhun Sultan Agung ing Mataram andhawuhakên angrêbat Jakarta, ingkang kala sêmantên wontên tanganipun para among bangsa dagang Walandi (Oost Indische Compagnie). Sang nata sampun sêdhiya prajurit sagêlar sêpapan tuwin ing pundi-pundi, langkung malih ing Têgal, sampun dipun sadhiyani lumbung isi pantun pintên-pintên kangge têdhanipun para prajurit ingkang badhe ngrêbat Jakarta wau. Kajawi punika Ingkang Sinuhun ugi utusan tiyang ambêkta uwos pintên-pintên dhatêng laladan Jakarta kangge nyadhiyani para prajurit wau nalika ngêpang kitha ingkang badhe karêbat. Dilalah utusan wau dipun cêpêng dening mêngsah saha saking eman dhatêng gêsangipun piyambak, ing wusana lajêng balaka nyariyosakên dununging pasadhiyan pantun ing lumbung-lumbung wau sadaya. Jalaran saking punika anjalari tindaking mêngsah ambêsmi lumbung-lumbung wau, ingkang wusananipun para prajurit Mataram sami kêkirangan têdha saha botên kasêmbadan sêdyanipun.

Lo, têka ngantos samantên asoring bêbudènipun utusan Mataram wau. Saking eman dhatêng nyawanipun piyambak, ing wusana lajêng ical kaprawiran saha kêkêndêlanipun, tuwin lajêng purun anyade nêgari sarta bangsanipun.

Ing wusana sarêng tanah Jawi dados jajahanipun karajan Nederland ngantos atusan taun laminipun, lajêng kados pundi wêwatêkanipun bangsa Jawi ing jaman sapunika. Punapa kêkêndêlan tuwin kaprawiranipun saya mindhak punapa saya ical? Miturut kawontênan ngantos antawisipun tigang dasa taunan kapêngkêr, wêwatêkanipun bangsa Jawi kêtingal mundur sangêt, kalampahan kathah kemawon ingkang mêntala nyade bangsanipun piyambak. Nanging salêbêtipun tigang dasa taun punika, sarêng ing tanah Jawi tuwuh pamulangan warni-warni, ingriku bangsa Jawi lajêng katingal ebah manahipun saha lajêng wiwit katingal sami andandosi wêwatêkanipun. Dumuginipun titimangsa punika sampun kathah bangsa Jawi ingkang sami wangsul kêkêndêlan tuwin kaprawiranipun, ngantos botên ajrih ngrêkaos tuwin kangelan anggènipun sami ngudi murih kamajênganing bangsanipun.

Nanging ingkang wêwatêkanipun asor purun cidra dhatêng bangsanipun, inggih mêksa taksih wontên.

Jalaran ingkang makatên wau, lampahing ngajêngakên bangsa lan nusa punika botên namung tiyang ingkang sami mêdhar sabda wontên ingajênganing umum kemawon, nadyan mèndêl botên mawi sarana pambêngok ugi sagêd tumindak. Dene ingkang nyilakani tuwin ambêbayani sangêt punika botên kados bangsa piyambak ingkang kasampiran panguwasa, dados warganing raad (Volksraad) upaminipun, tansah ngawon-awon tuwin ngina dhatêng ajênging bêbadan, pakêmpalan utawi priyayi pangrèh praja upaminipun; lah punika kajawi ampuh sabdanipun kangge ngrisak utawi ngundurakên kamajênganing bangsa, wêkasanipun badanipun piyambak lajêng dipun èsêmi ing batos dening bangsa manca tur inggih lajêng kirang dipun pitados, awit sawêg dhatêng bangsanipun piyambak kemawon kados makatên tandangipun, lah dhatêng bangsa sanès gèk kados pundi.

Amila sadaya panindak punika, kajawi kêdah sarwa ngatos-atos ugi kêdah adhêdhasar suci, watêkipun sagêd jêjêg ing panimbang lan adilipun, ingkang wêkasan anggampilakên dhatêng sadhengah ingkang ginayuh. Inggih makatên punika idham-idhamanipun PENTHUL.

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS

TANAH NGRIKI.

Pêpêjah jalaran kataman pêpêtêng. Ing dhusun Bangunsari, Batang, wontên tiyang nama M. Suud amêjahi anak bojo tuwin lajêng nglalu pêjah piyambak. Dene jalaranipun M. Suud wau mêntas pêgatan, sarêng badhe wangsulan botên kasêmbadan. Tumrap M. Suud sagêd kêtulungan.

Samantên tiyang manawi sawêg manggih pêpêtêng, bojo ingkang dados kanthi gêsang bêbrayan, pinanggihipun malah dados makatên.

Loterij enggal sampun kasade. Loterij enggal R.K. Weeshuizen sampun kasade wontên ing Escompto Bêtawi ing tanggal 5 wulan punika. Ing salêbêtipun satêngah jam sampun têlas, têtiyang ingkang sami tumbas ngantos suk-sukan rêbat ngajêng. Tiyang ingkang dhawah wingking botên kêduman.

Sampun caraning sade loterij wontên ing jaman sapunika, têtiyangipun saking sami kêpengin sugih sarana ngabên bêgja.

Nyênjata tiyang ewah. Ing sêtatsiun N.I.S. Tuban wontên tiyang ewah ambêkta dêdamêl saha gadhah tindak mutawatosi. Lajêng wontên pulisi opêiener kanthi agèn kêkalih dhatêng, tiyang ewah kapurih sèlèh dêdamêl, botên purun, dipun acungi pistol ugi botên ajrih. Jalaran saking parentahing pulisi wau botên kagêga, pulisi opêiener lajêng akèn dhatêng agèn kapurih nyênjata. Kêlampahan tiyang ewah dipun sênjata, pêjah ngênggèn.

Pawartos punika manawi yêktos, tindak wau katingal sarwa grusa-grusu.

Muridipun Sang Rabridranath Tagore dhatêng Surakarta. Kawartosakên, wontên muridipun Sang Tagore dhatêng ing Surakarta, prêlu badhe nyinau bêksa kraton.

Manawi bab punika nyata, bêksa Jawi têmtu badhe tumular dhatêng tanah Indu, inggih atêgês miyarakên kabudayan Jawi.

--- 1155 ---

Toehoorders Bestuursschool. Awit saking kaparêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogya, andhawuhakên dhumatêng: 1. Tuwan Pringgomarjuki, regentschapssecretaris Ngayogya, 2. Tuwan Pringgosukodiprojo, assistèn wêdana Prambanan, 3. Pringgosuharjo, asistèn wêdana Tèmpèl sami kadhawuhan sinau dhatêng Bestuursschool ing Bêtawi dados toehoorders.

Kamajêngan makatên punika nama kamajênganing praja Kajawèn ing Ngayogya.

Wanita katrajang spreekdelict. Kawartosakên, Nonah Juhariyah ing Probolinggo nalika mêdhar sabda wontên ing parêpatan I.M. ing bab babagan pangajaran, dipun sêrêg ing pulisi, jalaran kaanggêp akajêng politiek.

Sêrêgan kados makatên punika nama sawêg nêmbe wontênipun. Punika punapa kagolong ajênging jangkahipun prajurit wanita?

Angsal-angsalanipun arta dhêndhan landgerecht ing Surabaya. Ing salêbêtipun satêngah taun arta dhêndhan landgerecht ing Surabaya wontên f 13.974.62. Pêpetanganipun kwartaal kapisan f 8455.33, kwartaal kaping kalih f 5519.40.

Pêpetangan wau manawi mirid kwartalan, pinanggih suda, nanging manawi mirid gunggungipun, inggih sampun kathah.

Opperhoutvester salingkuh. Sampun sawatawis dintên wontên kasangsaran auto ing Muntilan, dipun tumpaki dening Tuwan Barkelie, Opperhoutvester ing Gunungkidul, Ngayogya. Wusana sarêng wontên papriksan, tuwan wau kadênangan gadhah tindak salingkuh, gunggunging arta ingkang dipun salingkuhakên wontên f 900.000.- Gadhah sambutan piyambak f 25.000.- Malah kasumêrêpan malih tuwan wau mêntas ngindhakakên assurantie kasangsaran auto dhatêng J.M.C. dados f 100.000.-. Mirid nalar-nalaripun, kasangsaran wau kados mêngku kajêng.

Punapa lêlampahan kados makatên punika kenging dipun ngibaratakên: obah ngarêp, kobèt buri?

Ama ulêr klapa. Ing Tangêrang tuwuh ama ulêr klapa, kintên-kintên wontên wit klapa 1000 uwit ngantos ical blarakipun babar pisan. Wit klapa ingkang katrajang ama wau, tanêmanipun lare pakunjaran. Ing sapunika sawêg dados papriksaning priyantun ahli.

Mugi ama wau tumuntên sirêp.

Pogokan ing pangêcapan Ang. Kawartosakên, para letter-zetter pangêcanpangêcapan. Ang ing Bandung, ingkang ngêcap sêrat kabar Soemangat, sami mogok, jalaran botên cocog bab bêrahan. Padamêlan ingriku lajêng sagêd angsal pitulungan saking pangêcapan sanès kêkalih.

Bêrah wajib ngajèni bau, juragan nêdya ngirid, punika sampun sami lêrêsipun. Nanging lêrês ingkang saèstu, têmtu wontên, inggih punika manawi ngadil yêktos.

Pasar Gambir. Dumuginipun tanggal 5 Sèptèmbêr, cacahipun têtiyang ingkang ningali dhatêng Pasar Gambir wontên 302.728. Kala taun kapêngkêr 322.664.

Mirid jamanipun, sudaning têtiyang ningali, inggih dèrèng sapintên, taksih nama lumayan.

Jor-joran damêl kapitunan. Kêmayaranipun tiyang kêkesahan saking Bandung dhatêng Cirêbon saya kêtingal, rumiyin wragading tumpakan salampahan f 3.50 sapunika cêkap namung f 1.- sarana numpak bus, jalaran bus tansah jor-joran ngandhapakên prabeya, inggih punika bus E.I.T.O. kalihan Satoh. Dene kawusananipun kalih pisan sami ambruk, nandhang kapitunan mitung dasa ewu rupiyah.

Makatên pinanggihipun tindak drêngki. Punika kenging kangge pêpèngêt.

Tindak utami. Ing Bondowoso kathah lare wêdalan H.I.S. tuwin pamulangan angka kalih sami botên angsal padamêlan. Wusana wontên rêrigênipun pakêmpalan P.B.I. ngêdêgakên pênaton, pawitanipun sarana pados darma. Padamêlan wau badhe dipun tandangi dening lare-lare wau.

Punika tindak utami saha lajêng dados tuntunan tumrap caraning pados panggêsangan. Botên namung ngêndêlakên padamêlan sêsêratan.

ASIA.

Pêrang kalihan Mansyukuo. Miturut pawartos ing sêrat-sêrat kabar, parentah Tiongkok badhe lumawan Mansyukuo, samangsa Mansyukuo dipun akên dening Jêpan.

Jendral Honya dipun têmpuh. Sêpur ingkang dipun tumpangi Jendral Honya saking Moekden dhatêng Foesan, wontên ing margi dipun êndhêg dening barisan manasuka Tiongkok ingkang sampun mirantos dêdamêl. Nanging sarêng campuh wadya Tiongkok ngunduri.

NAGARI WALANDI.

Ngudi kawilujênganing pêkên dagang. Pabrik-pabrik tênun ing nagari Walandi gadhah atur dhatêng Minister Ruys tuwin De Graaf supados kaparêng nyatitèkakên indhaking beya lêbêting barang dhatêng India Inggris. Amargi tindak makatên punika anjalari kandhêging lêbêtipun barang. Makatên ugi kintunan barang-barang Jêpan dhatêng jajahan Walandi ugi katingal sangêt pangêsukipun. Bilih tindak punika lêstantun makatên, kabudidayan ing Twente kapêksa katutup, têmtu nuwuhakên kathahing tiyang angguran.

EROPA.

[Grafik]

Kongres wanita. Ingkang pinanggih ing bangsa punika, tumrap ing tanah ngriki sawêg rame ngrêmbag kamajêngan wanita. Nanging tumrap ing tanah Eropa, nama sampun limrah. Inginggil punika gambaripun para wanita moncanagari ingkang sami mêntas anjênêngi kongres wontên ing Edinburgh, Inggris.

Pogokan ambtenaar. Wontên wartos saking Warschau, wontên ambtenaar-ambtenaar gemeente cacah 4000 sami mogok, amargi sampun kalih wulan botên tampi blanja. Sarêng tita blanja wau botên mandhap, para ingkang mogok mindhak dados 12.000. Gemeente têtêp botên purun ambayar blanja walêdan.

--- 1156 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

40.

Radèn Sumarta lajêng ngimur-imur manahipun piyambak, batosipun: seje dina Dhorah wis dadi bojoku, kira-kira wêwatêkane mau iya banjur bisa owah.

Kalampahan, dhawahing dintên ingkang dipun tamtokakên, Nonah Dhorah kalihan Radèn Sumarta sowan dhatêng kantor Burgelijke Stand, dipun irid saksi kalih sami komis kantor dhepartêmèn pangrèh praja.

Nonah Dhorah mangangge cara pangantèn namung sarwa prasaja, Radèn Sumarta mangangge sarwa cêmêng. Wiwit punika lajêng têtêp nama tuwan tuwin nyonyah Marteau. Sarampunging prêlu lajêng sami dhatêng kantor pos, badhe ngêposakên karcis. Wusana nyonyah Marteau lajêng wangsul mantuk dhatêng pondhokanipun rumiyin, santun pangangge. Sasampunipun rampung anggèning pêpetangan bayaran pondhokan, kopêr-kopêripun lajêng kawêdalakên, têrus boyongan dhatêng griyanipun enggal. Tuwan Marteau sadumugining griya inggih lajêng santun pangangge, saha lajêng sami bidhal dhatêng sêtatsiun Gambir, badhe dhatêng Sukabumi.

Tuwan Marteau sasampunipun wontên ing sêpur wicantên: Dhuh Dhorah, ing dina iki aku rumasa nêmu kabêgjan kang gêdhe bangêt. Bok coba ketokna mêmanismu sadhela bae, wis sêdhênge tinêmu ana ing kalane wong dadi pangantèn anyar.

Nyonyah Marteau mangsuli: O Wim, kang gêdhe pangapuramu bae, tinêmuning lêlakon iki bisa angelingake lêlakonku kang wis kapungkur. Aku eling mênyang wong tuwaku kang wis ora ana, êmbuh lila êmbuh ora manawa nyumurupi lêlakone anake kang kaya mangkene iki.

Mokal yèn wong tuwamu ora lila, Dhorah. Dhèk biyèn wong tuwamu wis kalair gunême mênyang aku.

Iya bênêr bokmanawa bapak bungah lan lila, samono mau yèn kowe ora nyia-siya mênyang anake.

Prakara mangkono iku aja koanakake ing gagasan, Dhorah. Anggonku duwe pangarêp-arêp kasêmbadaning sêdyaku arêp mêngku kowe wis suwe. Yèn aku urip tanpa kowe, adhuh, ing donya arasa sêpi. Mokal saupama aku nyia-siya mênyang kowe, awit pancèn mung kowe kang tak anggêp nyawaku.

Muga ucapmu iku aja owah, Pangeran kang bakal nyantosakake têtêping atimu lan atiku, katrêsnane lêstaria nganti tumêka ing pati. Mung aku ngrumasani, duwe wêwatêkan ora bêcik, muga kowe bisa angilangake, wusana uripku tinêmu atut rukun.

Mêsthi bae apa kaananmu tak tômpa kanthi sênênging ati, Dhorah, yèn ana galap gangsule, aku kang bakal kajibah ambênêrake, awit kabèh iku mawa têtali katrêsnan.

Muga-muga tinêmua mangkono, Wim. Aku pitaya mênyang kowe.

16. Salêbêtipun Jêjodhoan

Cinêkak, anggènipun jêjodhoan Tuwan Marteau sampun kalih taun, tumrap kulawarganipun sampun sami mirêng, bilih Radèn Sumarta sampun dados Walandi, sampun rabi nyonyah, botên nate kintun sêrat tôndha kawilujêngan dhatêng ahli waris. Malah anggènipun sumingkir punika botên ngêmungakên dhatêng kulawarga, sanadyan kalihan bôngsa Jawi ingkang nunggil sanagari ugi botên nate purun canthuk lawung.

Tuwan Marteau sampun mantêp yêktos ing manah, bilih piyambakipun dipun anggêp bôngsa Walandi, mila sêdyanipun inggih namung badhe pakulinan kalihan bôngsa Walandi. Nanging ciptanipun ingkang kados makatên punika botên kasêmbadan, awit kônca-kancanipun ing kantor, inggih ingkang sampun gadhah bojo, inggih ingkang taksih lêgan, pasrawunganipun namung ampang kemawon. Tuwan Marteau jalêr èstri inggih gadhah pakêmpalan main tènis kalihan bôngsa Walandi punggawa gupêrmèn. Tangkêpipun kônca sapakêmpalan inggih katingal botên ambedakakên, nanging pinanggihipun, tiyang kalih wau namung katingal sumisih kemawon. Danguning dangu saya adamêl karaosing manah, malah Tuwan Marteau nate ngajak dolan numpak taksih kalihan kancanipun, mêksa botên dipun pituruti, nanging inggih kanthi dipun wangsuli sae.

Tumrapipun para kônca, saupami gêthing jalaran tuwan wau Jawi, punika botên, awit kônca-kônca wau ugi kathah Jawinipun, lan ugi pakulinan kalihan bôngsa Walandi sanès-sanèsipun.

Dangu-dangu Tuwan Marteau jalêr èstri lajêng mêdal saking pakêmpalan tènis, pados kasênêngan sanèsipun. Nanging sanadyan kasênênganipun wau warni-warni, nanging botên wontên ingkang araos srêg. (Badhe kasambêtan)

--- 141 ---

Nomêr 36, taun III

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu

Têtakon Margane Wong Bisa Pintêr

Sambungane Kajawèn nomêr 71.

Bahe Tarji: Iya biyèn mula rak wis dak kon ana kene, kowe ora awèh. Rèwèl sadina rong dina, suwe-suwe rak ya ora.

Ora kacrita olèhe padha rêmbugan, esuke wong tuwane Tarji mulih. Bangêt karasa ing ati. Kiraku kowe ya wis bisa ngrasakake ingêdohan wong tuwa. Sumêndhal. Ora ana wong tuwa gêthing nyang anak, mula kowe ya nuruta apa prentahe.

Anuju sawiji dina wayah esuk, Tarji dolanan ana ing ngisor jambu, ana wong kula nuwun, banjur dikandhakake bahe. Bahe ngungak mênyang jaba wêruh yèn sing têka mau kamituwa arêp rêpot, nuli kôndha: O, kamituwa, arêp rêpot.

Tarji sajak gumun calathu manèh: Uwong kok, bah.

Êmbahe: Kaya kamituwa.

Tarji: E, kamituwa kuwi uwongane, ing omahku ora ana kamituwa, sing ana mung sindêr, kêpala kampung, karo mandhor.

Saiki sêkolahan wis bukak. Tarji diêtêrake êmbahe mênyang sêkolahan H.I.S. nyangking sabak, lakune gagah sajak ora wêdi sapa-sapa.

Saiki Tarji wis sêkolah, atine sênêng. Bahe bangêt anggone mrêdi, apa-apa ditêrangake supaya bocah ora duwe watak gumunan. Ing sarèhne bocahe uga gathekan apa-apa takon, mulane lagi 2 sasi sinaune wis onjo dhewe.

Dongèngku wis cukup samene bae. Isine sing bêcik kêna ditulad. Wong iku marga saka durung tau wêruh lan durung mangrêtine bisa dadi gêguyon, nanging yèn ora isin têtakon, wêkasan dadi bocah pintêr uga.

Gosokan karo bocah climut, manawa gêdhe bisa maling nanging yèn karo wong pintêr dadi bocah pintêr uga.

Sunarka. Bocah Pare.

--- 142 ---

Aneh-anehan

Kasêbut ing dêdongengan, jare kêmbang êlo iku yèn mêgar gêdhene sak payung agung, nanging sarèhne siluman, ora sabên uwong wêruh, awit kêmbang êlo iku kayadene dadi sasmita, sapa sing wêruh, bakal olèh kabêgjan gêdhe bangêt. Dadi mungguh tinêmune ing nalar, dêdongengan mau goroh, awit mungguh gêdhe-gêdhening kêmbang, ya mung lumrah kaya sing wis disumurupi ing wong akèh.

[Grafik]

Satêmêne kêmbang gêdhe iku ya ana, kaya ta ing tanah Sumatra, ana kêmbang gêdhe bangêt, kêmbang mau bôngsa ngamônca ngarani kêmbang Rafflesia, tinêmu ana ing sacêdhake desa Pulo Lebar ambane luwih samètêr, gandane ora enak bangêt. Anane kêmbang mau dijênêngake Rafflesia, kagawa saka sing nyumurupi sapisan Tuwan Raffles.

Coba nontona gambare. Mêsthine bocah-bocah padha gumun, athik ana kêmbang gêdhene samono. Apa kêmbang sing kaya ngono kuwi kêmbange Arya Kumbakarna jaman biyèn. Anane tak kandhakake mangkono, jare Arya Kumbakarna kuwi gêdhe bangêt, yèn mangan gajah mung diêmplok wutuhan bae. Mêsthine yèn wonge kaya ngono, omah utawa apa-apane ya gêdhe.

Kêmbang Rafflesia mau mirid papriksane para ahli diarani kêmbang kang ing sajagad gêdhe dhewe. Sapa bae mêsthi ngandêle.

--- 143 ---

Nanging ing saiki ana manèh, ing Wageningen, nagara Walônda, ana kêmbang bangsaning bakung, dhuwure 2.65 mètêr, garise têngah ana 1.50 mètêr. Yaiku kêmbang kang saiki gêdhe dhewe ing sajagad. Coba nontona gambare. Walônda, sing mêsthine longgor, barêng jèjèr karo kêmbang mau mung ketok kaya sinyo.

Dadi ing saiki kowe padha ngrêti, yèn kêmbang gêdhe iku ana têmênan, dudu dongèng. Nanging aja duwe pangira yèn iku bangsane siluman, banjur dikutugi. Ora.

Iki jênêng aneh-anehan.

[Grafik]

Pitakenan

[Dhandhanggula]

lir sarkara dènnya dahat kèpi / pirabara mêwahi rêrênggan / mrih asri Taman Kajawèn / ngrêmbaka lêdhung-lêdhung / kadya uwit awoh andadi / tumraping Taman Bocah / kongsi kèlu mèlu / nora beda rare priya / yun andhahar wowohan ing taman asri / mrih aja katinggalan //

namung matur rama Sêbul mugi / aparinga samodra aksama / de kula sawêg katêmbèn / reka-reka manjurung / tur sapele botên majaji / ewadene sumêngka / saking sangêt punggung / paripaksa nyuwun priksa / têgêsipun uran-uran cara Jawi / kang wus makina-kina //

uran-uran wontên warni kalih / wiwit kula dèrèng asakolah / sampun mirêng sabên sore / kalaning mapan turu / kalisikan dèn isik-isik / dening pun biyung êmban / kanthi nata kêmul / sinambi angura-ura / sasat menco dene sami botên ngrêti / kados ngandhap punika //

sêmut irêng anak-anak sapi / kêbo bongkang nyabrang kali bêngawan /Lebih satu suku kata: kêbo bongkang anyabrang bêngawan. keyong sacarak sungute / timun ginotong wolu / Surabaya gègèr kêpati / ana wong nyandhak macan / dèn wadhahi bumbung / ngalun-alun Kartasura / gajah mêta cinancang wit sidaguri / mati cinèkèr ngayam //

tikus pithi kang anata baris / kodhok ijo kang kinarya kopral / walangkrèk pasarehane / yuyu kapitanipun / nitih kreta ngidêri loji / jangkrik upa têtêgar / kêmôngga kang nuntun / si kongkang nabuh gamêlan / mung si têkèk mêkèkèk atunggu kori / si bunglon thuk-anthukan //

--- 144 ---

uran-uran ingkang kasbut nginggil / bokmanawi botên kula pyambak / radin-radin sabên lare / saèstu sampun wanuh / namung emanipun sakêdhik / dene kang ura-ura / racakipun baul / botên ngrêtos babarpisan / kadospundi kajêngipun ingkang nganggit / dèrèng wontên uninga //

mila klangkung anggèn kula muji / mugi-mugi para mitra kadang / ingkang sami lare-lare / utawi rama Sêbul / karsa paring pitêdah bêcik / supados sagêd gamblang / mênggah maksudipun / botên langkung atur kula / sèwu nuwun pitêdah badhe kapundhi / dening sandining nama //

Dongèng Kucing karo Asu

Dhèk Sêtu kapungkur ana dongèng kucing karo asu, kang pungkasaning dongèng, ngandhakake kucing lan asu êndhêm-êndhêman.

[Grafik]

Satêmêne asu iku watake dhêmên anggrêtak, nanging licikan, dene kucing, watake kêndêl yèn kêpèpèt, yèn ora kêpèpèt ya trima mlayu. Dadi satêmêne padha ora ana pilihane.

Kewan loro mau sawise mêntas pasulayan, tansah plorok-plorokan bae, nanging asu iku pancèn dhêmên miwiti gawe prakara nalika sriwingan karo kucing, banjur muni: Kucing gêring.

Kucing mangsuli: Apa asu buntung.

Asu: Aku kopadhakake asu buntung, iki lo buntutku kopat-kapit. Anggone muni ngono mau karo mungkur nuduhake buntute, nanging iya karo trataban, kuwatir yèn digraut kucing.

Kucing mangsuli: Aku apa ya gêring, gilo wêtêngku ambalêndhuk.

Asu: Mêsthi bae wêtêngmu ambalêdhuk, la wong sing kopangan bangsane enak-enakan, thik barang colongan.

Kucing: Êlo, muni anggêr mangap bae.

Asu ora ngira yèn anggone kucing muni mangkono mau karo ambarêngi napuk. Panapuke kucing titis, ngênani congore asu, asu banjur mlayu karo kaing-kaing.

Kucing sumbar môngsa padha yèn padhaa.

Kuwi tinêmune wong ngalah, wêkasane mênang.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka: 75, 15 Jumadilawal Dal 1863, 17 Sèptèmbêr 1932, Taun VII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm: tigang wulan f 1.50

Bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm

Isinipun: Tatwawara - Petruk ing salêbêting pakèwêd - Catur Budya - Caranipun tiyang sasadean - Darmawisata dhatêng grojogan Durga - Obat nyamuk - Bêcik kêtitik ala kêtara - Kabar warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Tatwawara

[Dhandhanggula]

Yèn miturut ujar ingkang dakik / jare kana-kene iku padha / donya kerat padha bae / nora beda saglugut / apa bênêr gone ngarani / yèn bênêr kayaparan / bênêre jar iku / yèn luput paran luputnya / mara padha cupana ingkang patitis / aja agurayangan //

môngka lamun dulu tata lair / kana iku têtêp iya kana / dene kene iya kene / lah kok dianggêp jumbuh / tan prabeda ujare sami / apane ingkang padha / ah apa tan umuk / yèn wong cubluk bokmanawa / banjur ngandêl marang ujar kang ngapusi / dening tan klêbu ngakal //

suprandene kang andhandhanggêndhis / mêksa dadi tunggale sinasar / nêmpuh byat anekadake / ngrasuk budining punggung / milu-milu wani ngarani / yèn kene karo kana / tan beda sarambut / saupama tinakonan / lah kandhakna apa ta kang dèn arani / padha ing kene kana //

ngong wangsuli mênggah ingkang sami / tumrapipun ing ngriki lan ngrika / punika dhandhanggulane / lawan kang mêlang-mêlung / dados inggih ingkang mastani / nyatanipun kawula / botên sah mung bingung / bingung gêsang sapunika / benjing bilih badhe dumugi ing janji / mung bingung bêng-ubêngan //

--- 1174 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Petruk ing salêbêting pakèwêd

III.

Garèng : Nèk tak gagas-gagas apa sing wis kok kandhakake lagi anu kae, pancèn iya anèh bangêt, dhing, ingatase mung wong kaya dhapurmu ora enak mêngkono, kumpul karo bôngsa pêthongkrong kok ora katon nyêle kang anjalari ditêndhang kluwar. Nanging pancèn iya ora kêna dipaido kuwasaning Pangeran kuwi, sanadyan kaelokan dunya iku wis kêna diarani ora ana babarpisan, ewadene kadhang kala sok ana lêlakon-lêlakon sing anèh ora kalêbu ing nalar babarpisan. Wong aku dhewe wis tau ngalami, yaiku mangkene:

Aku kiyi turu banjur ngimpi, nang kanane kuwi aku praon nganggo prau jungkung ana ing bêngawan, dhasar wancine padhang purnama, kawuwuhan barêngane ... jiwa manis têrbayang-bayang. Wah, sênêngku kala samono katog têmênan. Kocapa, satêngahe lagi sênêng-sênêng mau, praune jungkung jêbul nungkêp. Aku kêthindhihan ing prau, nganti ora bisa polah babarpisan, kala samono iya kêplêpêkên têmênan, kawuwuhan kaya-kayane banyuning bêngawan lumêbu irung lan cangkême. Barêng gregah aku nglilir, jêbul ... ponakanmu sing sapihan turu mêngkurêp ana ing raiku kambi ... ngompol. Hara, Truk apa kiyi dudu lêlakon sing anèh bangêt, hla wong ingatase mung arêp kompolan bae, kathik nganggo dipucuki dongèng sing ngalur-alur. Mulane aku iya ora pati gumun, dene kowe bisa slamêt kuwi. Wis, saiki caritakna banjure kêpriye.

[Grafik]

Petruk : Barêng kira-kira jam 9.30 banjur diwiwiti balapane asu. Kala samono Lônda sing kajibah niti priksa para sing padha ana ing tribinê kono, wis ora kobêr manèh, ewasamono atiku lan makne Kamprèt isih mêksa durung bisa jênjêm, nanging isih tungkul sêndêlap-sêndêlip bae.

Garèng : Wayah, kathik kaya wong sing mangan rujak [ruja...]

--- 1175 ---

[...k] lomboke rawit sakati kae, banjur sêndêlap-sêndêlip, ... ning iya irunge. Wis, wis, Truk, wong aku kiyi durung tau wêruh carane balapan asu kuwi, mulane caritakna nyang aku kêpriye mungguh laku-lakune.

Petruk : Ing kono dianani papan kang wangune bundêr pinagêran ing bêthèk mubêng, dadi kayadene ana ing kêmidhi jaran kae. Ing têngah-têngah ana palang kang mawa piranti kanggo ngubêngake, sing digawe pring. Pungkasaning pring kabênêr ana ing papan sajabaning bêthèk, ya kuwi papan pambalapan, digantungi pêpêthan truwèlu. Asu sing arêp padha dibalapake kuwi wis padha disadhiyakake ana ing papan sacêdhake kono. Sauwise, pêpêthan truwèlon kang gumantung ing pring mau diubêngake kanggo nglêlèdhèk asu-asu sing arêp padha dibalapake. Sanalika kono asu-asune padha diêculake, kang banjur amburu pêpêthan truwèlon mau. Iya mêngkono kuwi carane balapan asu, êndi sing rikat dhewe playune, iya iku sing mênang.

Garèng : Wèh, hla kok kaya kowe sakancamu lagi cilike kae. Nèk ana Walônda nunggang kreta, kowe sakancamu sok balapan ngoyak karetane, sing rikat dhewe, kuwi duwe pangarêp-arêp bisa olèh ... têgêsan srutu.

Petruk : Nèk dipikir-pikir, Kang Garèng, dhèk cilike kowe aku kuwi pancèn iya wis ngênggoni bangêt nyang ekonomi, kayadene unimu mau, pancèn iya nyata, saka kêncêngku nyang kaekonomian, udud bae wis narima sing twèdhêhan (tweedehandsch) yaiku têgêsan, mêngkono uga kowe, saka anggonmu ngukuhi bangêt nyang ekonomi, dalasan ngêmut kêmbang gula bae, iya narima sing wis, twèdhêhan, alias sing wis dilamodi wong liya.

Garèng : Hut, sêmbrantên, kathik mêlèhake sing iya-iya. Wis, wis, kok banjur ngandhakake cara Sundhane jaman bahêlah mêngkono, wong nang wêtêng rasane mungkuk-mungkuk, kok, luwih bêcik saiki banjurna caritamu.

Petruk : Kang kapisane, balapane bisa kalakon bêcik, têgêse: asu-asu sing dibalapake padha kalakon amburu pêpêthan truwèlon, nganti bisa kasumurupan asu sing rikat dhewe playune. Nanging sing kapindho, kaping têlune lan sabanjure, asu-asune sing arêp padha dibalapake, anggêr jêdhul diwêtokake, tandang lakune ora beda kayadene nèk kowe ing dina blanjan bali saka kantor dilalah blanjane kurang kae, yaiku bakyu lan kowe banjur padha ... cakar-cakaran.

Garèng : We, hla saya edan, Petruk kiyi. Wong arêp ngandhakake yèn asune padha kêrah bae, kathik dipadhakake kayadene dhiajêng nyonyahku nèk maido nyang aku sabab balanjane kurang. Wis, aja mêlèh-mêlèhake nyang kaananku sing agawe sudane kapriyayènku, mêngko sing ora wêruh mundhak padha ngarani aku sakloron, priyayi doyan padu, ha - sa - ru. Sauwise, Truk, kowe lan bojomu ana ing tribinê kono apa nganti têkan sabubare.

--- 1176 ---

Petruk : Ora, Kang Garèng. Ing sarèhne atiku, apadene atine adhimu makne Kamprèt tansah: dhag, dhig, dhog, slê-nit, bae, mulane sajêrone para nonton padha rame anggêguyu asu sing padha kêrah, lan ayage Walônda paniti priksa lagi ribut angguyu nganti mak: ngag, ngag, ngono kae, aku sakloron tanpa pomat-pamit banjur: kleyos, nêdya mêtu saka ing tribinê kono. Tumêkane ing ngarêpe Walônda sing jaga tribinê, lakuku tak dhêngak-dhêngakake kaya priyayi gêdhe têmênan, si Lônda kiyi anggone ngingêtake nyang aku sakloron sajake kaya wong sing gumun, nanging wêdi kae. Batine gênah mangkene: hla wong bêndara gêdhe kok diaturi mriksani tongtonan ora gênah mêngkono, iya mêsthi bae jêlèh bosên, mulane durung nganti bubar iya wis kondur. Buktine yèn duwe batin mangkono mau, barêng aku sakloron liwat, Walônda iki urmate nyang aku sakloron nganti andhêngkluk bangêt, aku iya nyara priyayi gêdhe manèh, banjur mèsêm sarta manthuk muni mangkene: napên, iki karêpe goeden avond, têgêse: slamêt bêngi.

[Grafik]

Sawangan umbul ing Pasar Gambir

Garèng : Wèh, anggêpe kathik kaya raja Jênggi mêngkono. Mêsthine barêng têkan ing sajabaning tribinê atimu iya mak plong bangêt, Truk.

Petruk : Wah Kang Garèng, barêng têkan ing jaba tribinê, cara Landane: reaksi (reactie) ne anggonku sakloron ngampêt ati dhêg-dhêgan mau banjur numusi, kringêtku gêmrobyos, dene adhimu makne Kamprèt kêbêlêt warna-warna. Mulane aku sakloron saka kono sing dijujug ing umbul, prêlu golèk hawa sing adhêm, ing kono aku lan makne Kamprèt padha thênguk-thênguk nganti bubar.

Pawartos saking administrasi

Lêngganan nomêr 2005 ing Jayengan. Wisêl f 3.- ingkang nêmbe kula tampi punika, tumrap kuwartal kaping 3 lan 4 taun 1933. Dados panjênêngan sampun kintun pambayaran malih, manawi taun 1933 dèrèng têlas, nyusahakên.

Lêngganan nomêr 3811 ing Sriwêdari. f 3.- punika botên kangge kw 3 lan 4, nanging kangge kw 1 lan 2 taun ngajêng (1933). Kajawèn nomêr pintên ingkang botên katampi.

Lêngganan nomêr 3927 ing Purwasari. f 2.- sampun katampi. Dhuplikat nomêr 72 sampun kakintun.

--- 1177 ---

Bab Sêkaran

Catur Budya

[Dhandhanggula]

Manglocita sêdyaning pakarti / mrih tumonton saiyêg pra kadang / sêmbèn sinambi ngalèyèh / timbang suwung alêngung / balunglungan ngraoskên atis / kasêmpyok paribaya / ing krisis dunyèku / ing mangke Pak Gênjur nêdya / wèh palupi mring pra kadang-kadang sami / praptaning don kaharjan //

nadyan sibu basane tan mathis / paripaksa yun mudhar suwara / labêt kapêpêt angêne / puluh-puluh Pak Gênjur / duk riyine sêkolah nyakdhil / tan ajêg lêbunira / mila mangke pêngung / dèn kathah aksamanira / andêrpati bèbèk lit kang sabèng warih / rêringa tyas suh brastha //

guladrawa pinasthika kaki / aywa lali mring sanggitan wuntat / prihên rumasuk angêne / ancur gêdhah sutèngsu / dèn karasa sumusup kongsi / wanara krêsna pindha / bon-aboning ratu / katungkul micara dora / sêsongaran iku tan pantês pinêtri / ngêdohkên saniskara //

tumanggapa mring kawan prakawis / ing bêbudèn aywa tinêbihan / dhingin budi kapriyayèn / tatakrama myang lungguh / pamicara luwês pakarti / sawiyah singkurana / dêdalan piangkuh / busana sapantêsira / lamun môngsa mirah boga dèn nastiti / tan tilar ing wêweka //

tindak-tanduk wèh rênaning kapti / sabiyantu tan ajrih kecalan / amrih guna bèrbudine / kabudayan tumanduk / don-adone pamara branti / budiman budya cipta / kacipta sawêgung / yèku pêpanthan kaarjan / ambawani ing silarja pangastuti / mangayu-ayu bagya //

lire budi sastra kang winarni / kudu sukci sinasaban sarak / wikan têpa palupine / sabar satitahipun / tan tumolih karoning Widhi / tinitah langip langyat / kalorehan pandum / kacêndhak budi kitanya / abot ènthèng wit wus dadi bêbanèki / sinanggi tyas lêgawa //

irèn dahwèn tinêbihan sami / sungkan kêsèd datan linakonan / tan suminggah sabarang rèh / tan bangkit mêndat mêntul / ngamandaka umuk sumingkir / lire budi sudagar / petung kartinipun / pait tan gêmi myang tata / ngeman lampah sabarang dèn ijir aji / bêbasan cukêng ngamal //

ring riningkês catur upayèki / basa budi binabar atunggal / sinêpuha pêpathine / yèn ta sira kalamun / anglungguhi sawiji-wiji / budi kapriyantunan / ring mukminun iku / budi tani sarwa blaka / budi sastra sabarang akarya ririh / lirnya budi sudagar //

sarwa ngeman sinasaban gêmi / ajar-ijir jinajar sabanjar / jêjêr rinêgêm dunyane / marma lamun angukut / catur budi binabar dadi / abon-abon sanyata / sarwa budi mêngku / mêngku kasusilan arja / bêtuwahe wong cêkak budine nênggih / sirna punang darajat //

yèn rinasa ngaurip puniki / nora bakal langgêng salaminya / yèn tan nabêt ing wurine / sirna atinggal tutul / duta rama labêt mring aji / wong anom dèn tumanggap / mring sanggitan iku / aywa ganas ing pangucap / pon-êmpone dadya tumusing sak sêrik / praptèng candhala murka //

Pak Gênjur. Sala

--- 1178 ---

Piwulang Sae

Caranipun Tiyang Sêsadean

Sintêna kemawon tamtu sampun mangrêtos, bilih tiyang sêsadean punika, pajêngipun kêdah nocogi kalihan pikajênganipun ingkang tumbas, inggih punika nocogi kabêtahanipun. Dene ingkang dipun wastani nocogi wau, yèn tumraping têtêdhan, nggih cocoging raos, yèn sandhang pangangge, inggih cocogipun kalihan mathuking têtiyang ing nagari ingkang dipun sadèni, makatên ugi tumraping kasênêngan, punika wontên kala mangsanipun ngantos ngeram-eramakên, awit sintêna ingkang botên nindakakên kasênêngan kados makatên, lajêng dipun wastani tiyang nyalênèh.

[Grafik]

Têtiyang sade tinumbas sayuran wontên ing pêkên.

Adat kalimrahan ingkang kados makatên punika, tumrapipun para tiyang sêsadean, dipun wigatosakên sangêt, saha dipun tindakakên tumuntên, awit manawi botên cekat-cèkêt, kuwatos manawi sêlak ewah mangsanipun, môngka ewahing môngsa, punika inggih atêgês ewahing punapa-punapanipun.

Dene pinanggihipun ing ngakathah, bab kados makatên punika tumrap ingkang tumbas, namung anut ing grubyug kemawon, dados pinanggihing kawigatosanipun wontên ing tiyang ingkang sêsadean. Mila bêgja sangêt tiyang sêsadean ingkang sagêd nuju dhatêng kalamôngsa, awit kalamôngsa punika wontênipun namung ewah-ewah.

--- 1179 ---

Sintên ingkang purun migatosakên, ewahing kalamôngsa punika tamtu katingal cêtha sangêt, upanipunupaminipun. tiyang nyandhang ngangge, sakêdhap-sakêdhap tansah santun gagrag, manawi nuju wontên gagrag enggal, têtiyang sami rêrêbatan badhe angênggèni gagrag, isin manawi botên angêmori.

Makatên ugi tumrap rêrêngganing griya sapanunggilanipun, ugi sami kemawon. Mênggah wosipun sadaya punika namung saking kêpêksa badhe ngêmori jaman.

Bab makatên punika sadadyansanadyan. tumraping lare ugi tumut kasrambah, kados ta manawi nuju thukul satunggiling kasênêngan, upaminipun nuju wancinipun lare rêmên kêcik, punika sabên lare inggih sami rêmên kêcik, limrahipun dipun wastani ngusum kêcik. Malah tumraping dolanan wau wontên ingkang anjalari dados kamajênganipun tiyang sêsadean, amargi ingkang dados kasênêngan wau ugi sarana tumbas.

Tumrap caraning sêsadean, tamtu kemawon majêngipun ugi katindakakên dening among dagang. Nanging pinanggihipun wontên ing têtiyang tanah ngriki, sanadyan sami sêsadean, trampilipun pinanggih beda-beda, wontên ingkang kamajênganipun sarana sade têtêdhan, wontên ingkang sarana sade dolanan tuwin sanès-sanèsipun, punika pinanggih wontên ing tiyang satunggiling nagari (bôngsa), pundi ingkang sampun nama kêpulungan, botên sagêd dipun tulad ing tiyang nagari sanèsipun malih, sanadyan wontêna ingkang nulad, inggih botên lulus. Wontênipun makatên, tiyang ingkang sampun kêpulungan tumrap satunggiling padagangan, punika anggèning nindakakên ingar-ingir ingatasing padaganganipun inggih langkung kulina.

[Grafik]

Patamanan ilat baya ing Utrecht nagari Walandi.

Upaminipun tiyang Batawi, punika kêgolong kulina sangêt dhatêng bab sêsadean bangsaning tanêman. Pakulinanipun sade tanêman wau ngantos sumêbar dumugi pundi-pundi, saya malih manawi nuju wontên pasar malêm sapanunggilanipun, sami mrêlokakên sêsadean wontên ing papan ngriku, lan sêsadeanipun wau sagêd anocogi kalihan kasênêngan ing kalamôngsa punika, mila dhatêngipun tiyang ingkang tumbas inggih kumrubut.

Kados ta kalanipun tiyang rêmên palêm, punika anggènipun nyadèni palêm wontên ing papan karamean [karame...]

--- 1180 ---

[...an] ngantos atusan, tur warni-warni, makatên malih mawi sagêd ambumboni rêmbag ing bab tanahing tanêman, pangupakara tuwin sanès-sanèsipun. Pikantukipun lajêng anggêgèndèng dhatêng manahipun tiyang ingkang badhe tumbas. Dados tiyang wau anggèning sêsadean mawi kawruh.

Bab kados makatên punika pancèn nyata, awit saupami panyadenipun namung awur-awuran, tamtu botên sagêd nênarik manah. Makatên malih tiyang ingkang sêsadean wau ugi mangrêtos dhatêng ombyak karêmênaning tiyang, kados ta ing môngsa punika nuju kathah tiyang rêmên dhatêng tanêman bangsaning ilat baya (cactus), punika têtiyang Batawi ugi lajêng sade tanêman kados makatên punika, panyadenipun ilat baya wau mêndhêt ingkang taksih alit-alit, pucukan lajêng dipun tancêbakên ing pot alit-alit. Sarèhning kalamangsanipun anocogi, panyadenipun wau ugi sagêd majêng. Lan malih sarèhning tanêman wau nuju dipun rêmêni ing ngakathah, tumrap tiyang ingkang rêmên nanêm, pinanggihipun pananêm wontên ing patamanan, inggih katingal sae.

Kados makatên tumindaking lampahipun tiyang sêsadean. Dene minggah-minggahipun dumugi ingkang nama among dagang, tamtunipun lajêng nama kawruh yêktos.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun Maharaja Kapurtala (ngajêng sisih kiwa), satunggiling raja ing Indhu, ingkang misuwur kasugihanipun, nalika tumêdhak saking kapal "Oldenbarneveld" wontên ing palabuhan Tanjung Priuk.

--- 1181 ---

Kawruh Sawatawis

Darmawisata dhatêng Grojogan Durga

Sambêtipun Kajawèn nomêr 74

[Grafik]

Wujuding wit dalah sêkar kopi.

Watawis saêjam wontên ing têngahing pakopèn, para among lampah kapanggih Walandi mandhi sênjata, (sajakipun Walandi Indho) ingkang pitakèn dhatêng guru ingkang ngêtêrakên kula sakônca, dhatêng pundi sêdyanipun. Têtêmbunganipun botên patos ngrêsêpakên. Sarêng sampun dipun wangsuli kathah-kathah lajêng kesah, saha nêdha supados para among lampah sampun ngantos mêthik sêkar kopi utawi kopinipun. Kula sakônca lajêng têrus lumampah, hawanipun ing pakopèn ngriku saya dangu saya mindhak sakeca, botên bêntèr, botên asrêp. Kintên-kintên jam sawêlas siyang para andon lêlana sami mêdal saking pakopèn, marginipun mangandhap sakêdhik dumugi ing pakampungan alit. Wusana lajêng têrus jèjèr-jèjèr ngambah margi ingkang namung cêkap tiyang satunggal, nusup-nusup kambêngan tuwin glagah. Lampahipun rêkaos, sakêdhap-sakêdhap kabluwok ing kalèn, ingkang botên katingal, jalaran katutupan ing bêbondhotan. Ing sisih kiwa tuwin têngên katingal juranging sukunipun rêdi Kêlud, cêtha ngalela, kathukulan kambêngan. Lampah kula sakônca têrus ngilèn lajêng ngalèr ngetan, wêkasan dumugi lèpèn lahar ingkang kêbak sela. Lajêng nungsung lèpèn wau kanthi ngatos-atos, [nga...]

--- 1182 ---

[...tos-atos,] awit upami kaplèsèd dhawah kintên kula inggih kraos saèstu. Sêpatunipun para andon lampah kathah ingkang bêdhah. Sakiwa têngênipun lèpèn wau juranging sukunipun Rêdi Kêlud katingal mênggêr. Sakêdhap-sakêdhap kula sadaya sami nyawang manginggil, jalaran manawi kaglundhungan sela saking ing jurang wau mêsthi thêk sêg kemawon.

Ing wêkdal punika toyanipun lèpèn lahar alit kemawon, ing sawatawis panggenan katingal jêne (ijzerhoudend), lèpèn wau mili saking wetan, jurang kiwa têngênipun manawi kasawang saking katêbihan kados gathuk pindha gapura. Watawis tigang dasa mètêr saking ngandhap, jurang-jurang wau katingal gasik, êmbokmanawi katrajang lahar kala anjêblosipun rêdi Kêlud. Kintên-kintên jam satêngah satunggal para among lampah dumugi ing grojogan Durga, inggilipun bôngsa tigang dasanan mètêr. Inggih grojogan punika ingkang lajêng mili dados lèpèn lahar. Ing ngriku kula sadaya prasasat wontên salêbêting guwa, kiwa têngên ngajêng wingking jurang atusan mètêr inggilipun. Manawi andhangak katingal langit ingkang kinêmulan mega angêndhanu, saèmpêr tutupipun guwa wau. Lampahing mega angrêgêmêng, jurangipun kados ebah badhe nangkêp, mahanani wêdaling gagasan ingkang neka-neka. Ing ngriku hawanipun sêgêr sangêt, tinambahan sumamburating toya grojogan apindha riris, ngengingi badan kraos anyês damêl icaling sayah. Sawênèhing para mudha sami adus wontên ngandhap grojogan wau.

Sasampunipun kèndêl sawatawis dangunipun, para andon lampah lajêng sami nginggahi jurang satêngênipun grojogan Durga, sarana mènèk ôndha, (ing ngriku sampun wontên andhanipun watawis gangsal wêlas mètêr). Sarêng sampun dumugi nginggil, para mudha wau sami ambrangkang, minggah jurang menggak-menggok. Wusana minggah ôndha malih lajêng ambrangkang turut undhak-undhakan. Sarêng sampun lajêng minggah ôndha malih, samandhapipun saking ôndha, sitinipun wradin, nanging marginipun nasak-nasak kambêngan saha glagah. Wêkasan lajêng anjojrog. Para among lampah wau sami kakèrèk dhadhung satunggal-satunggal ambrangkang mandhap lajêng minggah ngubêngi punthuk, rêkaos sangêt, awit siti ingkang kaidak gampil jugrugipun, selanipun pating glundhung, mila inggih nyamari sangêt. Watawis satêngah jam sadaya sawêg dumugi jurang wiwitipun grojogan Durga mili mangandhap. Wontên ing ngriku sêsawangan botên kirang asri, ing pundi-pundi katingal jurang, kêbak thêthukulan lêdhung-lêdhung, ijêm royo-royo, damêl lam-laming paningal. Raos sayah ical, jalaran kaslamur endahing sêsawangan alam, ingkang damêl gumun tuwin ngungun. Miturut sanjanging para kônca saking grojogan Durga dhatêng pucaking Rêdi Kêlud punika kantun lampahan gangsal jam. Sarêng sampun kèndêl sawatawis dangunipun, para andon lêlana lajêng mantuk mêdal badhak, ningali bêndungan sela bêton kangge anahan sela êmbokbilih Rêdi Kêlud anjêblos malih. Kintên-kintên jam sakawan dumugi Panataran, lajêng numpak bis têrus dhatêng Blitar.

Minôngka panutuping andharan kasêbut ing nginggil, kula namung mêmuji mugi dadosa tambahan sêsêrêpaning para nupiksa, ingkang kapengin mriksani [mriksa...]

--- 1183 ---

[...ni] grojogan Durga, utawi tindak dhatêng Kêlud, margi miturut sanjanging guru kula, inggih margi ikangingkang. sampun kula aturakên punika, margi dhatêng Rêdi Kêlud ingkang cêlak piyambak. Namung kadospundi mulabukanipun grojogan Durga punika kula botên mangrêtos, pramila bilih para maos wontên ingkang priksa bab punika, mugi karsaa ambèbèr wontên ing udyana Kajawèn ngriki. Sadèrèngipun kula matur nuwun, saha sami angêgungna samodra pangaksama, êmbokmanawi wontên lêpat kula.

Soeh.

Obat Nyamuk

Bokmanawi para maos botên kêkilapan dhatêng têmbung obat nyamuk, inggih punika panumbasipun dhatêng toko, ingkang mêsthi rêgi f 0.20 utawi f 0.25 ing sawadhahipun.

Bab ingkang kula aturakên ing nginggil punika, mênggahing tiyang ingkang ngudi kasarasan kados prêlu dipun wontên-wontênakên, ing môngka mênggahing jaman malèsèd punika, kula botên nama nyalênèh upami urun wudhu ing Kajawèn mriki, awit Kajawèn punika têbih (jajah) têbanipun, sabab ingkang maos botên ngêmungakên sadhèrèk ing kitha kemawon, sanajan sadhèrèk ing padhusunan inggih botên sakêdhik ingkang maos.

Mênggah ingkang badhe kula andharakên ing ngriki inggih punika obat nyamuk ingkang swadhèsi, awit mèh sabên tiyang mangrêtos, inggih punika sêkar kluwih. Dene sêkar kluwih punika cara panggenan kula tiyang mastani: tombol. Tombol wau botên susah tumbas ugêr dhatêng ngandhapipun uwit kluwih kemawon mêsthi angsalipun, tombol 5 utawi 6 iji sagêd cêkap sêdalu. Punika punapa botên nama ngirit. Pèngêt, tombol wau kêdah kaêpe rumiyin, sampun kagaringên sarta sampun kêtêlêsên, sabab upami kêgaringên, lajêng botên sagêd kados upêt. Yèn kêtêlêsên botên mêmpan.

[Grafik]

Wusana mugi-mugi andharan kula punika wontêna ingkang karsa nyobi, lowung. Awit ingkang nyêrat punika inggih sampun nindakakên. Wosipun namung tumônja: ngirit.§ Ing Kajawèn rumiyin sampun nate ngêwrat bab kados punika, nanging sarèhning wontên bedanipun sawatawis, inggih kapacak.

Purwadi Jênar Wlèri - Kêndhal

Red.

--- 1184 ---

Ngobrol ing Dintên Sabtu

Bêcik kêtitik ala kêtara

Tumraping dongèng paribasan inginggil punika têmtu sagêd nêmahi sayêktos, inggih punika lêlampahan sae punapadene lêlampahan awon, sanadyan dipun umpêtakên saklangkung rêmpit, satêmah mêsthi inggih lajêng sagêd kasumêrêpan ing tiyang. Ing wusana ingkang lampah sae inggih badhe angsal ganjaran, kosokwangsulipun ingkang lampah awon inggih botên badhe linêpatakên saking bênduning Pangeran. Para maos têmtunipun botên badhe kêkilapan dhatêng cariyosipun R. Damarwulan. Kadospundi caranipun Kyana Patih Lugêndèr anggènipun badhe ngumpêtakên dhatêng kêsaenanipun R. Damarwulan, kados-kados sampun botên nguciwani, ewasamantên danguning dangu inggih mêksa kauningan dening Sang Rêtna Ratu Ayu. Kosokwangsulipun kados Kyana Patih Lugêndèr inggih botên kirang anggènipun badhe ngêdhèng-êdhèngakên tuwin mamèr-mamèrakên dhatêng kautamèning anakipun kêkalih, R. Layang Seta tuwin Layang Kumitir, nanging dhasaripun inggih pancèn awon, ing wusananipun mêksa sagêd kajodheran.

Makatên mênggahing wontên ing dongèng, inggih dongènga saking Amerika, Europa, Afrika, punapadene saking tanah Arab pisan, punika liding dongèng mêsthi inggih: "Sapa sing bêcik mêsthi kêtitik, sapa sing ala mêsthi kêtara."

Nanging tumrap ing jaman rame, jaman matêrialismê (kadunyan), jaman unggul-unggulan, malah kenging kula wastani: jaman pameran punika, sajakipun sadaya-sadaya lajêng santun sarengat. Sêmunipun ing jaman ingkang makatên punika, ingkang ragi dipun têngênakên sangêt dening sawênèhing tiyang, jêbul malah têmbung: "ethok-ethok". Mênggah têmbung ethok-ethok punika sami kalihan têmbung rewa-rewa, têgêsipun botên sanyatanipun, dados inggih namung tiru-tiru kemawon. Kados ta upaminipun: ethok-ethok priyayi gêdhe, punika nyatanipun inggih sanès priyayi luhur, nanging sadaya solah tingkah, tandang tandukipun ingkang dipun tiru, dipun emba priyantun luhur sayêktos, dados upaminipun kemawon: lênggahipun inggih wontên ing kursi ngadhêpakên meja, dhaharipun inggih roti mêrtega lan kèju, sêsipun srutu, unjuk-unjukanipun kopi lan melk, malah manawi kalêrês ngunjuk wedang kok lajêng badhe dhawuh kalihan tiyang, punika inggih mawi dipun lagokakên cara priyantun luhur sayêktos, kados ta makatên: "Sri-pit, hek-hem, Kromopawiro ..." Lho, solah ingkang makatên wau sadaya inggih ngêmungakên manawi wontên ing sangajêngipun tiyang kathah, dene manawi kalêrês piyambakan, inggih lajêng nyara lageyanipun piyambak. Inggih ingkang makatên punika, ingkang kula wastani: ethok-ethok priyayi luhur.

[Grafik]

R. Damarwulan.

Wontên malih, inggih punika: ethok-ethok bêcik atine. Punapa tiyang ingkang makatên punika pancèn sayêktos sae manahipun, kula botên sagêd matur. Amung kemawon manawi wontên kasusahan punapa-punapa, limrahipun tiyang ingkang "ethok-ethok bêcik atine" wau, mêsthi lajêng enggal-enggal suka pitulungan, samantên punika manawi anggènipun suka pitulungan wau ayagipun badhe kasumêrêpan ingakathah. Manawi wontên tiyang ngêmpalakên dêrma kangge punapa kemawon, anggènipun ngrogoh kanthong wani lêbêt, asal namanipun sagêd mêntèrèng wontên ing sêrat kabar. Makatên sapiturutipun.

Dados anggènipun "ethok-ethok priyayi luhur" utawi "ethok-ethok bêcik atine" punika botên dipun tindakakên kanthi lair batos, ngêmungakên kangge pameran, utawi anggadhahi melik, cikbèn ... enz.

Punapa malih tumrap kasaenan umum, wontên ing jaman kadunyan punika, botên langka kemawon

--- 1185 ---

ingkang sok lajêng "ethok-ethok bêcik atine". Sanadyan sayah tuwin kangelan, punapadene sok ngantos kecalan arta kathah, pathokanipun asal sagêd kasumêrêpan ing umum, inggih mêksa dipun lampahi.

[Grafik]

R. Ayu Adipati Mr. Cornelis.

Kosokwangsulipun inggih botên kirang kemawon tiyang ingkang botên migunakakên dhatêng têmbung "ethok-ethok" wau, nanging sadaya ingkang dipun tindakakên sarana lair batos, manah jujur tuwin suci, kanthi botên pisan-pisan anggadhahi manah sanès-sanèsipun, kajawi namung angèngêti dhatêng kamanungsanipun. Tiyang ingkang têmên-têmên makatên punika, kula sadaya wajib sami angurmati tuwin angluhurakên, kanthi botên mawang tiyang tuwin bangsa, amung ngèngêtana dhatêng paribasan Walandi ingkang mungêl makatên: "Eere wien eere toekomt" Têgêsipun: ngajènana sapa sing pantês diajèni.

Amila inggih adamêl agêng manah kula, dene dumuginipun sapriki têtiyang siti taksih purun amèngêti dhatêng swargi Tuwan Deventer tuwin nyonyahipun ingkang samangke taksih sugêng. Jalaran sakalih-kalihipun, sanadyan bangsa Walandi, katingal sangêt, bilih têmên-têmên sae panggalihanipun, dados botên nama namung "ethok-ethok" kemawon. Pintên-pintên lêlabêtan ingkang sampun dipun sumêrêpi ingakathah mênggah tumraping bangsa kula piyambak. Buktinipun samangke wontênipun sêkolahan-sêkolahan Deventer ing pundi-pundi panggenan.

Lah, samangke sintên tiyang ingkang sampun têpang saha sampun mirêng pawartos kawontênanipun R. Ayu Adipati ing Mr. Cornelis tumrap trajang utawi padamêlanipun dhatêng kasosialan, têmtu sami lêga sarta bingahing manah, dene panjênênganipun wau dipun aosi sangêt lêlabêtanipun dening Pamarentah, buktinipun kalampahan ngantos dipun paringi tandha kaurmatan bintang. Bintang ingkang dipun paringakên wau têtela sanès bintang ingkang kêsasar, sabab sadaya ingkang sampun dipun tindakakên wau padamêlan ingkang sarwa kanthi suci. Têgêsipun botên saking anggèning pados alêmbana tuwin katingaling asmanipun. Kados ta: anggènipun talusupan dhatêng ing kampung-kampung prêlu anggêlarakên sêsêrêpan bab saening pangupakaranipun bayi, kasarasaning badan, lan sasaminipun, ingkang migunani sangêt tumrap gêsang lan panggêsanganipun tiyang ing kampung-kampung. Amila mênggah raosing manahipun ngakathah lair batos sami mangayubagya mênggah sih kadarmanipun pamarentah anggènipun sampun angèngêti dhatêng lêlabêtan utami sarta suci, ingkang kaparingakên ing Panjênênganipun R. Ayu Adipati ing Mr. Cornelis wau. Ingkang punika Redaktie Kajawèn wajib botên purun kantun andhèrèk bingah saha ngaturakên widadaning kasugêngan tuwin tansah amêmuji mugi-mugi lêlabêtanipun Sang Minulya wau saya murakabana dhatêng sawêwêngkon ingriku lumèbèripun dhatêng ingakathah.

Miturut andharan inginggil dados têtela, bilih têtiyang ngriki punika botên ambedakakên tiyang tuwin bangsa, punapa malih bab agêng aliting dêrajatipun. Manawi tumindakipun kasosialan wau kanthi suci saèstu, sampun têmtu sanadyan botên mawi dipun pamèr-pamèrakên, danguning dangu mêsthi inggih kasumêrêpan. Awit sanadyan jaman samangke punika nama jaman pameran, ewadene paribasan "Bêcik kêtitik ala kêtara" kadhangkala inggih sok sagêd numusi.

Kajawi R. Ayu Adipati ing Mr. Cornelis wau, ing tanah ngriki têmtunipun inggih wontên malih putri, inggih bangsa Jawi punapadene bangsa Sabrang, ingkang atrajang dhatêng kasaenan umum. Dene dumuginipun samangke dèrèng ingaosan dening nagari, inggih punika dèrèng dipun pèngêti ingkang awujud ganjaran bintang, punika botên kok sabab wontên ing tanah ngriki botên dipun aosi utawi dipun rêgèni, nanging bokmanawi pancèn dèrèng dhawah mangsanipun, utawi anggènipun tindak kasosialan wau namung gêlaripun kemawon, têgêsipun botên klayan têmên-têmên kanthi sucining manah.

--- 1186 ---

Sarèhning sadhengah kawontênan utawi tindak tanduk ingkang ngêmu kajêng melikakên dhatêng kaluhuran punika botên sêpi têmtu kasandhang dening kawula, mila botên kenging botên lêlampahanipun satunggal-tunggaling tiyang wau badhe manggih kawusanan, sarta wusananipun inggih warni-warni, wontên ingkang nocogi kados pangajêng-ajêngipun, sawênèh malih wontên ingkang malah adamêl gêla, dening mrucut ingkang kinajêngakên.

Tumrap ing tanah ngriki warni-warni gêlar tuwin lampahing pangudi murih utamining gêsangipun, nanging mênggahing kabatosan wontên ingkang tumindak nistha lan asor, utawi wontên ingkang tumindak utami sarta suci.

Sampun kathah kemawon, wontên satunggiling panuntun, ingkang swaranipun kados gêlap ngampar, nanging sarêng dipun iming-imingi kamuktèn, lajêng cêp tanpa sabawa pindha orong-orong kêpidak, bêbasanipun. Punapa malih sarêng sagêd kêlampahan dados luhur saèstu, o, lah dalah, dhatêng bangsanipun mungkur gangsir, lo, kok samantên ukuraning kaluhuranipun.

Wontên malih, satunggiling bangsa manca, bilih nuju wontên ing parêpatan, wah swaranipun ngantos angontragakên bantala, ewasamantên sarêng swara wau dipun lintoni kaluhuran, kok inggih lajêng angglèntèr dolanan piyambak, aring botên nangis acêcengeran.

Minangka tutuping obrolan kula punika, kula tansah angajêng-ajêng tuwuhing pitulungan saha tindak ingkang utami tumraping raos lair batin, ngantos kêlampahan dumugi punapa ingkang kinajêngakên dhatêng bangsa lan nusanipun pun

PENTHUL

Kabar Warni-Warni

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès

Tanah Ngriki

[Grafik]

Rara Siti Mariyam. Rumiyin Kajawèn sampun nate martosakên ing bab anggènipun Rara Siti Mariyam anglajêngakên pasinaonipun dhatêng nagari Walandi. Ing sapunika sampun kasêmbadan lulus angsal hoofdacte. Kala dintên Kêmis kapêngkêr, Rara Siti Mariyam wau sampun wangsul ngajawi numpak kapal Dempo. Wilujêng botên kirang satunggal punapa.

Wangsulipun Rara Siti Mariyam wau têmtu adamêl agênging manahipun bangsa Jawi, saya malih tumrap para wanita.

Dr. enggal. Tuwan Marzoeki, rumiyin Ind. Arts, lulus examen Arts ing Leiden.

Satunggiling bêbathèn tanah ngriki. Mugi tuwan Dr. enggal wau samangsa dumugi ingriki sagêd nindakakên pitulungan ingkang murakabi ingakathah.

Lindhu ing Ambon. Kala tanggal 9 wulan punika ing Ambon wontên lindhu agêng, kêraosipun tansah lumintu. Ing Talêhu wontên giya ambruk cacah 60. Têtiyang sami ngili, kasangsaran botên wontên.

Dene tansah wontên-wontên kemawon.

Dunungipun Verkeersdepartement. Miturut pawartos, ing bab adêging Verkeersdepartement, badhe kawontênakên ing Bandhung.

Wêwahing departement enggal wau têmtu adamêl indhaking arjanipun kitha Bandhung.

Borotan ing pagadhean. Beheerder pagantosan ing Pangkalan Brandan nalika dipun priksa ing pangagêng parimatanipun arta kirang f 6000.- Dakwa ngakêni, arta têlas kangge main.

Punika nocogi, panganggenipun arta gampil, telasipun gampil tur inggih anggampilakên papriksan. Hêm, tumrapipun jaman kados makatên, arta samantên punika inggih botên sêkêdik.

Badhe nyatunggalakên paresidhenan. Wontên pawartos, paresidhenan Prabalingga tuwin Malang badhe dipun dadosakên satunggal.

Pinanggihipun ing jaman pangiridan, kathah ewah-ewahan ingkang pikantukipun sarwa ngêngirangi. Pundi ingkang ngirid, inggih punika ingkang badhe tumindak.

Ambekot Bintang Timur. Pangrèh agêng P.G.H.B. mêntas ngrampungi rêmbag, mêdhot anggènipun maos Bintang Timur, amargi ngêwrat pakabaran botên nyata bab pandamêlipun griya P.G.H.B. ing Bêtawi.

--- [1317] ---

Ôngka 77, 22 Jumadilawal Dal 1863, 24 Sèptèmbêr 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1205] ---

Ôngka 77, 22 Jumadilawal Dal 1863, 24 Sèptèmbêr 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Tatwawara - Bab Pakêmpalan Parte Tionghwa Indhonesiah - Atax - Hariwara - Adpêrtènsi - Pakêmpalan Susilarini ing Tuban - Kawontênan ing Bophên Dhigul - Bab Kabangsan - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Tatwawara

[Mijil]

Sakabèhe kang sira sipati / kang samar kang mêlok / yêkti nora oncat saking wite / kudu mawa sabab witing dadi / marmaning ngaurip / paribasanipun //

tan bêbakal wus pêpak pêsagi / ginadhuhan gêdhong / isi sabab kang anêrangake / sakabèhing kaanan mênuhi / yèn kabuka bangkit / narbuka tyas punggung //

nora pangling mring sakalir-kalir / sênêng tyase bolong / anarawang sintrune sêsintrèn / nanging ewuh gonira ngulati / yèn srana piranti / kabèh nora gathuk //

kongsi karya binglênging sujanmi / ana ngetan ngulon / ngalor ngidul ngêndi dêdalane / kayaparan mungguhing pamikir / kêkêran mrih kongkih / wênganing kang pintu //

pintokêna mring kang ahli budi / budinên samêngko / ngèlingana wong tuwa kandhane / pangudining kawruh kang prêmati / saksine samangkin / linèlèr ywa kadung //

besuk biyèn kalawan saiki / apane kang seos / yèn nganggoa têmbung besuk têmbe / têmah apês kwasane mring ngêndi / rèhning apês dadi / ya têtêp mung mahluk //

--- 1206 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Pakêmpalan Parte Tionghwa Indhonesiah

II

Petruk : Kang Garèng, rungokna saiki tak caritani sabab dening apa, tumrap pitulungane pakumpulan kang arêp diêdêgake iki, yaiku sing dijênêngi: Parte Tionghwa Indhonesiah, bangsaku ora butuh, nanging nèk anggone niyat arêp ambantu mênyang pêrgêrakane wong bumi mêtu saka ati suci têmênan, kenene ora bakal nulak, lo, kuwi mangkene, Kang Garèng: sabênêre mono umume-aku kôndha umume, lo Kang garèng, awit mêsthine iya akèh bae bôngsa Tionghwa pranakan sing angaku têmênan nyang wong bumi, nganti paribasane gêlêm ngisor galêng dhuwur galêng, têgêse: gêlêm ambiyantu kanthi sakuwat-kuwate nyang wong bumi-kok iya mokal bangêt, yèn bôngsa Tionghwa anduwèni sêdya arêp ambantu mênyang kamajuane bangsamu bangsaku kiyi.

[Grafik]

Garèng : Kliru, Truk, tumrap jaman saiki kiyi, ora ana barang mokal. Hla nèk jaman biyèn, kuwi pancèn iya nyata, yèn isih ana sing mokal-mokal, kaya ta: dhèk biyèn sabên uwong mêsthi mokalake, manawa krungu kabar ana priyayi disowani... dhir wadhêr, turne mung sabab durung nicil pajêge mung... nêm cicilan. Awit ing jaman biyèn priyayi kuwi mula nyata rumasa dadi putra wayahe rama guprêmèn têmênan, wong iya kêpriye, dhahare dicatu sabên sasi, tur... ganêp, Truk, kawuwuhan rama iya ora mundhut urunan barang-biring, mulane nèk ana kabar priyayi disowani dhir wadhêr, iya [i...]

--- 1207 ---

[...ya] dimokalane têmênan. Nanging nèk jaman saiki, kabar sing kaya mêngkono kuwi... panèn. Malah ing taun ngarêp kiyi, nèk ora kabênêran, yèn ana priyayi slamêt marga tansah disingkiri dhir wardhêr, kiraku banjur ana sing ngarani: gênah priyayi sing gêlêm nyuthiki kêdhêle sing wis twèdhê han.

Petruk : Wiyah, wiyah, ambok aja sok gawe ciliking atine wong mêlèk mêngkono, karomanèh, Kang Garèng, ana unèn-unèn muni mangkene: bêbaya sing wis disumurupi sadurung-durunge, kuwi prasasat dudu bêbaya manèh. Sabab kenene banjur bisa sadhiya kanggo nanggulangi bêbaya sing arêp nêkani mau. Êmbuh banjur nyinau pêncak cimandhik, êmbuh banjur nglakoni kanuragan warna-warna, kaya ta lêmbu sêkilan, pêtak ambyah, brajamusthi, utawa... jaran guyang.

Garèng : Hara ta, kok banjur nglantur mêngkono omonge, nèk jaran guyang kuwi rak kanggo... mas jêng mas jêng kae. Ora, Truk, anggonku ngandhakake kaya ing ngarêp mau, mung arêp ambuktèkake, yèn ing jaman saiki kiyi ora ana barang sing mokal. Mulane iya ora kêna kok mokalake, yèn pakumpulan: Parte Tionghwa Indhonesiah anduwèni sêdya arêp ambantu kanthi sakuwat-kuwate mênyang kamajuane tanah kene. Karo manèh, kowe dhewe rak iya wis kêrêp ngalami, ta Truk, sêsrawungane bôngsa Tionghwa karo bangsane dhewe kuwi sok bisa rapêt bangêt, nganti kaya sadulur tunggal sakringkêl kae, malah rama bae, nalikane isih jumênêng astèndana, sabên bakda riyadi rak ora susah ambuwang dhuwit kanggo mrêcon utawa kuwih-kuwih blèk, lo, kuwi ora liya, iya sabab mitra-mitrane bôngsa Tionghwa akèh, Truk.

Petruk : Aku iya prêcaya, Kang Garèng, yèn wong padha wonge sok bisa sêsobatan nganti kênthêl bangêt, apa manèh mênyang bangsane asistèn wadana, wadana lan sapiturute, iki sathithik-sathithik padha anduwèni panguwasa, mulane iya kudu disobat, sèh, sabab iya... tau sêndhiri.

Garèng : Hara, saya ora karuwan omongmu kuwi, Truk, Truk, caritakna bae, mungguh sababe, dene kowe sajake rada ora prêcaya nyang ancase pakumpulan Parte Tionghwa Indhonesiah, sing katone nyang mataku mlisdring anarik ati.

Petruk : Lo kuwi mangkene, Kang Garèng. Sanyatane sajêrone aku anggagas mênyang ancase pakumpulan mau, aku banjur kèlingan dongènge manuk bango karo kodhok kae. Lo, kuwi jarene mangkene: Ana sawijining manuk bango nêmoni kodhok, calathune bango: Dèn ngantèn kodhok, kula niki nèk andêlêng têng sampeyan têka mêlas bangêt, awit botên suwe malih gêdhong (blumbang) sing sampeyan ênggèni niki mêsthi bakal asat gêrèng, hla, mangke gèk pripun sampeyan sabrayat. O, nèk kula êmpun ngrasakake ngotên, [ngo...]

--- 1208 ---

[...tên,] têrus mawon kêmrocos ilu, e nas, êluh kula. Si kodhok banjur amangsuli mangkene: Cuwèt, dèn bèi bango, kula piyambak, susahing manah kula inggih ngantos dugi ing brutu sayêktos, gèk saniki mawon, jalaran kirange têdha kula êmpun rumasa, yèn slênthêk-slênthêg kula êmpun rada suda, nganti êmas bapakne thole, nèk dalu sok supe wangsul.

Garèng : Wiyah, wiyah, Truk, nèk andongèng kuwi ambok aja kakehan bumbune mêngkono, wong rasane banjur rada kasinên. Wis, dicêkak bae, kêpriye wusanane.

Petruk : Sauwise bango mau banjur nuduhi nyang kodhok, yèn ora adoh antarane saka kono ana balumbang sing banyune ora tau asat, lan si bango saguh amboyongi kodhok sacindhil abange saka siji mênyang blumbang sing dikandhakake mau. Uga iya wis kalakon, kodhok-kodhok ing kono padha diusungi ing bango tut siji, nanging ora diêlih ing blumbang liya, ngalihe mau nyang... têlèhe si bango. Dadi liding dongèng, aja guru-guru prêcaya nyang pitulungane lawananmu, sing luwih kuwat katimbang awakmu dhewe.

Garèng : Iya ora mèmpêr, Truk, apa bôngsa Tionghwa sasat diarani sok ngêmploki bangsane dhewe, kathik dipadhakake putra wayahe Prabu Dewata Cêngkar bae.

Petruk : Iya ora yèn aku ngarani mêngkono, mung bae sabên uwong rak bisa nêksèni, ana ing kene kiyi sapa sing nglêmpèt wêtênge lan sapa sing gêndhut. Mulane mungghing gagasanaku, saupama bisa kalakon bôngsa Tionghwa banjur ambantu kanthi sakuwat-kuwate mênyang pêrgêrakane wong bumi, adile bôngsa wong bumi iya kudu ambantu sakuwat-kuwate mênyang kang dikarêpake dening bôngsa Tionghwa, dadi saupama wong bumi nêdya ambudidaya supaya kaanane pangadilan ing kene kiyi aja nganti dibedak-bedakake kaya saiki kiyi, bôngsa Tionghwa mêsthine iya bakal ambantu kanthi sakuwat-kuwate, nganti bisane katurutan têmênan. Dhasar bôngsa Tionghwa kuwi umume abôndha abandhu, pitulungane iya mêsthi... cêsplêng. Dene yèn karêpe wong bumi mau wis bisa kalêksanan, adile wong bumi iya banjur kudu ambantu kanthi sakuwat-kuwate apa sing disêdyakake bôngsa Tionghwa, sanadyan sing dinêdyakake mau... wêwênang anduwèni lêmah. Ing sarèhne umume bôngsa Tionghwa kuwi sugih, wusanane wong bumi bisa nguthut... saya ngêmut driji.

Garèng : Wayah, Truk, sanadyana saiki bae rak iya wis akèh, ta, wong tani sing kêcathil lêmahe dening bangsane dhewe sing sugih... sulapan.

Petruk : Mula iya mêngkono, nanging kiyi rak wis cukup, aja nganti diwuwuhi manèh sing bakal saya matèni kaum tani. Wis, wis, Kang Garèng, rêmbuge padha dilèrèni samene bae dhisik, liya dina dibanjurake manèh.

--- 1209 ---

ATAX

Redhaksi Panji Pustaka, Kajawèn tuwin Parahiyangan mêntas kapurih nyobi numpak Atax dening Borneo Sumatra Handelmaatschappij. Lampahipun Atax dipun wiwiti saking kantor Bale Pustaka dhatêng Batawi, wontên Batawi mubêng-mubêng têrus dhatêng Koningsplein, Tanah Abang, Mistêr Kornèlês pungkasan kidul, wusana wangsul dhatêng Bale Pustaka malih. Wiwit bidhal dumugi wangsul wau dangunipun 40 mênit.

Mênggah Atax punika raosing tumpakanipun sakeca, anglêr, botên wontên gogragipun, sami kadosdene numpak oto. Sanadyan wujudipun sairib Demmo, arodha tiga, nanging lampahipun beda, awit Atax inggih sagêd mundur, manawi menggok sagêd rikat, botên mutawatosi. Dene rikating lampah sagêd 80 km. saêjam, dados rikatipun sampun nyamèni kados oto limrah, tur mitadosi, mila lampahan ingkang samantên têbihipun, sagêd dipun lampahi namung 40 mênit.

Papaning palinggihan kobèt, damêl sênêngipun ingkang numpak, sanadyan nyalonjorakên suku, inggih sagêd, mila tumrap tiyang ingkang numpak ngantos dangu, bêtah kemawon.

Mêsinipun Atax punika mitadosi, kajawi sarwa santosa, traping pamasangipun kaprênah wontên sangandhapipun ingkang nglampahakên lêrês, dados anggampilakên lampah saha tinêbihan ing bêbaya.

[Grafik]

Kala Pasar Gambir kawontênakên têtandhingan bab kapitadosan tumpakanipun bangsaning motor pit, ingkang kanamakakên: betrouwbaarheidsrit, têtandhingan wau dipun adani dening pakêmpalan Motorverkeer tuwin Koninklijke Vereeniging Java-Motorclub. Margi ingkang dipun ambah: Batawi, Bogor, Jasingah, Rangkasbitung, Pandhegêlang, Serang, Tangêrang, Batawi malih. Ing ngriku ingkang unggul Atax ingkang mawi mêsin Raleigh.

Mila Atax punika pantês dipun wastani têtumpakan ingkang mitadosi. Mriksanana adpêrtènsi.

Pawartos saking Rêdhaksi

Tuwan K. ing Kêpung. Panumbasipun dhatêng ingkang asmanipun kapacak ing tapihipun buku.

Lêngganan nomêr 2337 ing Pacingkêrêp. Kawrat ing V.A. 1928 tuwin 1929. Botên badhe kapacak malih.

Lêngganan nomêr 2481 ing Gombong. Lêrêsipun panjênêngan kêdah prasabên rumiyin, nanging sarèhning punika sampun kalajêng kadamêl inggih sampun, benjing malih sampun makatên.

Lênggan nomêr 5382 ing Batawi. Waosan ingkang panjênêngan dangokakên inggih badhe kadamêl buku.

Lêngganan nomêr 3669 ing Karanganyar. 1. Mundhuta dhatêng toko buku Tan Khoen Swie ing Kadhiri. 2. Ingkang wontên ing toko buku Vorkink ing Bandhung.

--- 1210 ---

Bab Sêrat Hariwara

Sing Ala Katara, Sing Bêcik Katitik

Sambêtipun Kajawèn nomêr 76.

Bab Sêkaran.

Dr. R. Ng. P. mamèrakên sêrat karangan Purbadipuran ingkang sinawung sêkar atharik-tharik, ingkang maibên sintên, manawi kula malah ngosok wangsul, dhatêng sêkaran Purbadipuran coplok sayêktos, saking rêmên kula, Sêrat Sri Karongron ngantos kula tilêmi, ingkang cumanthèl manah: kêlun-kêlun kukuse dhoyong mangidul enz. mênggahing Sêrat Rama: kukusing dupa kumêlun enz. Punika dhenga piliha kemawon, punika sayêktos, botên ngunjuki, ngunjuki prayantun sampun tilar donya kangge punapa. Mila kula botên andhungkap dhatêng suwargi êmbah ngandika dèrèng kenging dipun pamèrakên, punika punapa namung katandhing kalihan sêkaran ingkang sampun dipun ajêngi ing kathah.

Dr. R. Ng. P. dorakakên kulina kula dhatêng Purbadipuran, amargi: 1. Kala samantên kula sawêg dados jajar sarati, Purbadipuran kaliwon damêl, dados sêsrawungan ingkang kabêkta saking padamêlan, babarpisan botên wontên. 2. Umur kula dede barakanipun. 3. Saba paran wontên ing prêgadringan inggih botên. Sabab, 3 bab punika lêrês, malah ingkang ôngka 1 sagêd ngiras-ngirus kangge ngrèmèhakên kula, mokal jajar sagêd kulina dhatêng prayagung kaliwon, nanging kacelik, kula kulina yêktos, wiwit kula nama Gajahseta (gusti bèi nimbali: Gajahputih), lajêng Gajah Mangundara (cangkinganipun lajêng: Dara Gajah) lajêng Dêmang Amongdênta, kêrêp dipun dangu kawruh kula nyêpêng liman, dening panjênênganipun R.M.T. Purbadipura priksa ingkang nurunakên kula srati. Dalah kala mardiguna damêl pasinaon jogèd wontên ing Purbadipuran, kula malêbêt dados murid, saking trêsnanipun suwargi, dèrèng wancinipun nyinau main sampur, kaparêng nyarirani mulang main sampur kula. Dene kalèntu kula nyêbut bakyu Purbaningsih (rak kenging ta: kula nyêbut bakyu, tiyang kakungipun Puspakartikan, kamas kula nak sanak yêktos) kalêrês ingkang rayi Dr. R. Ng. P. punika kula akêni, sarta inggih botên kalêbêt anèh, malah manawi sapunika ragi limrah, dèrèng tamtu kulina kalihan ingkang sêpuh inggih kulina dhatêng anakipun, makatên ugi kosokwangsulipun.

Bab anggènipun suwargi êmbah R. Ng. Prajapustaka dipun wastani ewa, botên sarju dhatêng suwargi R.M.T. Purbadipura, punika bokmanawi namung tuwuh saking pangothak-athik raosing lare. Manawi kula, bêtèkipun tiyang tuna ing budi, ngucap botên sae angèngingi prayantun ingkang sampun suwargi, punika adamêl kawrataning manah, wajibipun kêdah ngraosi saenipun. Mila saupami watak kula punika rêmên mêmancèni dhatêng tiyang ingkang sampun suwargi, malêsi gêntos ngatingalakên kuciwanipun punika baud sangêt, nanging kajawi kapirare, manawi sagêd sampun ngantos kalêbêt ing golonganipun tiyang ingkang dèrèng [dè...]

--- 1211 ---

[...rèng] gadhah tatakrami. Wontên piridan sakêdhik, pêthikan saking Sêrat Pranacitra, ingkang suraosipun sairib kados atur kula, inggih punika aturipun patihipun Tumênggung Wiraguna, nalika mambêngi sang bupati, murih sampun niksa dhatêng mayitipun Bagus Pranacitra, ungêlipun:

yèn kadugèkêna tyas kang runtik / mring jisim karsa pinurak-purak / nuhun kewala karsane / kirang utamèng ngèlmu / amba datan amêmancèni / mokal yèn kalêmpita / paduka wus mêngku / saliring rèh kautaman / inggih môngsa kilapa paduka kyai / sangêt atur kawula //

Lan malih kula prêlu ngaturakên tôndha saksi ing bab sae supêkêtipun ingkang sampun sami suwargi, ingkang dipun wayangakên ing panjênênganipun Dr. R. Ng. P.

Suwargi êmbah R. Ng. Prajapustaka punika tangkêpipun kalihan suwargi R.M.T. Purbadipura sae, kabêkta saking: taksih wontên gêgayutanipun sanak, inggih tunggil nagari, tunggil kawulaning nata Jawi, inggih dados besan, malah dumugining diwasanipun, wontên sêrat ingkang kenging kangge pangèngêt-èngêt dhatêng anak putu, murih èngêt dhatêng saenipun ingkang sampun sami suwargi, sêrat wau kula pêthik kados ing ngandhap punika.

Bapak Mas Ngabèi Wirapustaka, kula sampun nampèni sêrat sampeyan katiti 11/9-'17 suraos bapak rumaos rah sampeyan sampun nunggil kalihan rah kula, sarta kintun sajarah sampeyan saking Kaliabon, atur kula nuwun, mugi nglastantuna tunggil rah dumugi ing têpêt loka, asarêng punika kula ngintuni sajarah kula saking jalêr èstri, kalayan rêringkêsan.

13/9'17 Purbadipura.

Suraosing sêrat ingkang kados makatên punika, tumrap ingkang purun ngraosakên, tamtu nuwuhakên ucap sukur ing Pangeran, dene wontên pangandika dumugi ing têpêt loka punapa, wah ingkang ngandika wau ing sapunika sampun suwargi. Nanging kosokwangsulipun, manawi katêntrêmanipun ingkang sampun wontên têpêt loka wau dipun ongkrèh-ongkrèh, tamtu adamêl trênyuhing manah, samantên wau manawi purun trênyuh.

Sapunika kula ngambali lajênging wangsulan kula dhatêng Dr. R. Ng. P. ing bab babagan sêkaran, ing ngriku wontên ungêl-ungêlan: têgêsipun, bapak prasasat botên nate nyithakakên damêlanipun piyambak, punapadene damêlanipun tiyang sanès, saya botên, sabab kajawi botên priksa cara-caranipun, utawi botên kuwawi ambayar waragadipun, inggih saking botên kêpêksa pados têdha sarana nyithakakên sêrat... lan salajêngipun.

Wangsulan kula: Punika pancèn nyata, dene manawi wontên tiyang ingkang kêpêksa pados têdha sarana nyithakakên sêrat, punika inggih sampun mèmpêr. Inggih sampun malih tiyang kala barakanipun ingkang sampun sami suwargi, botêna gadhah rekadaya makatên, cacak tiyang ing jaman sapunika, ingkang sampun murwat balanjanipun, inggih botên anèh manawi taksih gadhah tindak kêpêksa pados kasil, inggih sanadyan sarana tindak kadospundi kemawon.

--- 1212 ---

Ing bab rêmbag ingkang anggayut sêrat kabar Bramartani, kula botên sambêt, awit punika lajêng anggêgayut babagan sanès, manawi dipun ulur saya ngômbra-ômbra.

Sapunika kula mangsuli mulabukaning rêmbag. Ing sakawit, jêjêripun: Tuwan Martasutrasna badhe manjurung Hariwara Purbadipuran, wosipun badhe ngluhurakên asma Purbadipuran, nanging dipun palangi ing panjênênganipun Dr. R. Ng. P. botên lila, dening waris. Jêbul Martasutrasnan wau sampun sarêmbag kalihan Radèn Wiradat, ingkang rayi Dr. R. Ng. P. Salajêngipun Radèn Wiradat inggih sampun ngrumaosi lêpat.

Mirid wawasan kula, panduwanipun Dr . R. Ng. P. dhatêng badhe wêdalipun Hariwara Purbadipuran punika dhapur kacelik, awit sêrênging panggalih bokmanawi kagungan pangintên, bilih Hariwara wau badhe dipun wêdalakên ing tiyang sanès, jêbul ingkang rayi piyambak sampun nyondhongi. Wusana lajêng ngômbra-ômbra kados makatên, sêdya utami ing bab badhe ngluhurakên asma, malah pinanggih ngosokwangsul.

Sapunika wontên pitakenan kalih prakawis: 1. Sintên ingkang miwiti lajêng dados rêmbag kados makatên punika, tuwin 2. Wêwarah: sing ala katara, sing bêcik katitik, punika dhumawah sintên.

Kangge panutup.

Wosing atur kula ingkang kathah-kathah punika wau, namung parlu:

1. Rumêksa supêkêt rakêt rukunipun ingkang sampun sami suwargi, sampun ngantos kaarubiru.

2. Rakêt rukunipun pitêpanganing pawongmitran, manawi kajêmbarakên malih supêkêting kabangsan.

3. Ngicali raos-rumaos ingkang kirang prayogi. Ewadene manawi pangajêng-ajêng kula wau, panjênênganipun Dr. R. Ng. P. botên kaparêng nambadani, inggih namung kula sumanggakakên.

Gajahan Surakarta kaping 13 Sèptèmbêr 1932.

Pun Dutawijaya.

Wara-wara

Katur sanggyaning para prayantun lêngganan Kajawèn.

Ngaturi uninga, administrasi sampun ngintunakên blangko pos wisêl dhatêng para prayantun ingkang babarpisan dèrèng kagungan pambayaran tumrap kuwartal kaping 4 ing ngajêng punika. Awêwaton saking pangamukipun jaman maleisê, amila blangko enggal kakintunakên. Pangangkahing manah amurih sagêd kobèt, sampun ngantos para ingkang nampi kacuwan ing panggalih jalaran katêlasan nomêring Kajawèn. Wasana sumôngga.

Administrasi.

--- [1213] ---

[Iklan]

--- 1214 ---

Jagading Wanita

Pakêmpalan Susilarini ing Tuban

Ingkang pinanggih wontên ing jaman sapunika, ing pundi-pundi tuwuh pakêmpalan wanita, tumrap nagari ingkang botên wontên pakêmpalanipun kados makatên, wanitanipun dipun wastani botên majêng, kêgolong kolot. Ucap ingkang kados makatên wau pancèn yêktos, têmtu cocog kalihan kawontênanipun. Manawi nyumêrêpi tôngga kanan kering sampun sami ngambah jaman pakêmpalan, katêtangining manah wau botên namung kandhêg ing batos kemawon, inggih lajêng tumandang.

[Grafik]

Makatên ugi ing nagari Tuban, ing sapunika ugi tuwuh wontên pakêmpalan wanita, nama Susilarini, ancasing pakêmpalan wau badhe ngrukunakên para wanita ing nagari ngriku, kados ta tumindak tulung-tinulung ing kalanipun wontên kasusahan, punapadene nyinau nyêpêng kabêtahaning balegriya.

Kajawi punika, pakêmpalan Susilarini ugi ngêdêgakên wulangan ing bab maos lan nyêrat dhatêng ingkang cotho ing sastra, padamêlan tangan, olah-olah tuwin sanès-sanèsipun. Wulangan sadaya wau lajêng katingal mênggah gênging pigunanipun, makatên ugi tumraping para warga, lajêng botên ngawontênakên manah èwêd-pakèwêd, awit nama nunggil warga, anèm sêpuh sagêd supêkêt.

Tindak ingkang kados makatên punika tamtu kemawon lajêng katingal gênging paedahipun, para wanita lajêng sagêd mindhak kawruhipun warni-warni, ingkang rumiyin dèrèng sagêd olah-olah, lajêng sagêd nindakakên saha nyumêrêpi cara pangolahing dhêdhaharan ingkang sarwa miraos, sagêd ngirid waragad tuwin sanès-sanèsipun. Kasêmbadaning sêdya wau, satunggal-satunggaling warga têtêp kenging sinêbut dados guru bale griya, sagêd nênunthun dhatêng têtiyang ingkang dados kukubanipun.

Pakêmpalan Susilarini punika ingkang dados pangayomanipun R.A.A. Kusumabrata. Dene ingkang kapilih dados warga pangrèh: pangarsa Nyonyah Ngumar Said, mudha pangarsa Nyonyah Mukadar, panitra Nonah Umi Sri Totayi, artaka Nyonyah Subirman, juru nupiksa Nyonyah Mardiman, Nyonyah Truna Husada tuwin Nyonyah Sastradiarja.

Dumuginipun sapunika, warganing Susilarini sampun wontên 53, ingkang sami kagambar nginggil punika.

Pinuji Susilarini saya katingala majêng, kadumugèna ingkang sinêdya.

R.N.

--- 1215 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Kawontênan ing Bopên Dhigul

Sambêtipun Kajawèn nomêr 76.

Nalika panjênênganipun Dhoktêr Dhêruk, manawi wontên tiyang ingkang kataman sakit malarilahmalariah. cêmêng punika ing sakawit namung kauja pangombenipun puhan cuwèr saha toya Walandi, têtêdhan saha jampi botên pinaringan, ananging sarêng sampun ragi mayar lajêng pinaringan têtêdhan kawiwitan saking ingkang alus, minggah-minggah ngantos sagênsagêd. nêdha kados adat sabên, anyarêngi ewah-ewahan têdha punika inggih dipun paringi jampi, sarana pangupakaranipun Dhoktêr Dhêruk kados makatên punika, têtiyang bucalan ingkang katrajang sêsakit punika sagêd katulungan. Sapindhahipun Dhoktêr Dhêruk saking Bopên Dhigul, bilih wontên tiyang bucalan ingkang katrajang sesakit punika dipun suntik, miturut cariyos, suntikan punika suntikan sarêm, punika têka inggih sagêd mitulungi. Inggih wontên satunggal kalih tiyang bucalan ingkang katrajang sêsakit punika kalajêng tiwas, jalaran botên miturut rêrigênipun dhoktêr. Miturut pangupakaranipun, sami-sami sêsakit, miturut katranganipun salah satunggiling juru pangupakara tiyang sakit punika rêkaos piyambak. Ananging kadospundi pambudinipun kaelokaning umat ingkang kula aturakên ing nginggil, tiyang Papuah sêpuh punika lajêng nilar tiyang bucalan ingkang sakit punika mlêbêt dhatêng wana. Botên antawis dangu wangsul ambêkta godhong, godhong punapa punika dipun pitakèni botên walèh, godhong punika lajêng dipun wênyêt, sabagean kauntalakên, tuwin sabagean kablonyokan ing wêtêngipun ingkang sakit. Ing sanalika tiyang bucalan punika lajêng saras saha pulih kados waunipun, anamung badanipun risak jalaran lami botêtênbotên. nêdha punapa-punapa, ananging prakawis raosing badan lajêng sêgêr. Samantên kaelonkanipun.kaelokanipun.

[Grafik]

TihiyangTiyang. Papuah nuju sami numpak baita.

Sasampunipun tiyang bucalan punika kajampenan dening tiyang Papuah sêpuh lajêng kaêtêrakên wangsul dhatêng Tanah Merah. Tiyang Papuah sêpuh punika lajêng kaanggêp mitraning tiyang bucalan, kangge pasaksènipun, sabên-sabên tiyang Papuah punika dhatêng Tanah Merah nêdya nglintokakên punapa-punapa, panyipêngipun tamtu wontên ing griyanipun tiyang bucalan ingkang kapitulungan. Badhe kasambêtan.

Aris Munandar.

--- 1216 ---

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

Bab kabangsan.

Tumrap tiyang ingkang saras pikiranipun tuwin kandêl kamanungsanipun, têmtu rumaos agêng sarta sênêng manahipun, dene bangsa Jawi samangke sampun wiwit anggadhahi grêngsêng kandêl raosing kabangsanipun. Mênggah kawontênanipun sapunika mila inggih sampun wontên antawisipun bangsa kula ingkang sampun kandêl sayêktos raosing kabangsanipun, ngantos kenging dipun paribasakakên, sanadyan gumlundhung sirahipun wontên ing bantala, kintên-kintên inggih botên badhe nilar kabangsanipun wau. Botên ngêmungakên kandêl raosing kabangsanipun kemawon, malah tumrap sawênèh, kabangsanipun wau sumrambahipun dhatêng bangsa Jawi sawêg dipun wiwiti kemawon, dados dèrèng patos dangu, inggih sampun têmtu, bilih kabangsanipun dèrèng kenging dipun sêbut sampun sampurna.

[Grafik]

Wibisana.

Dumuginipun samangke ingkang sampun kacêluk kandêl raosing kabangsanipun, punapadene sampun sampurna kabangsanipun wau, inggih punika bangsa ing praja-praja Europa umumipun, praja Amerika, Jêpan lan ugi wontên sanès-sanèsipun malih.

Kalampahipun bangsa-bangsa wau sami kandêl raosing kabangsanipun sarta kabangsanipun kenging dipun wastani sampurna, punika botên cêkap ing salêbêtipun sadasa utawi kalih dasa taun, nanging pintên-pintên dasa taun, malah kenging dipun wastani pintên-pintên atus taun. Mênggah salah satunggal cara panggulawênthah, murih tiyangipun kandêl raosing kabangsanipun, upaminipun kemawon, wiwit alit dipun sinau lan dipun prêdi, supados trêsna dhatêng bangsa tuwin tanah wutah rahipun. Ing sarèhne tumrap manusa punika inggih kala lare wau sagêdipun rumasuk sadaya wulangan ingkang dipun sinau, amila inggih botên kenging dipun paibên, bilih katrêsnanipun dhatêng bangsa tuwin tanah wutah rahipun wau lajêng sagêd rumasuk dumugi ing balung sungsumipun sayêktos, ingkang anjalari kandêling raos kabangsanipun. Dados ragi beda kalihan bangsa piyambak kala tigang dasa taun sapriki, ingkang rumasuk sayêktos ing balung sungsumipun punika jêbul anggènipun... ajrih Walandi mêndêm. Punika jalaranipun botên sanès amargi wiwit alit tansah dipun gulawênthah: "Ayo, aja nangis, kae lo ana Landa mêndêm."

Samangke mênggah sampurnaning kabangsanipun bangsa-bangsa kasbut nginggil. Sayêktosipun anggèning sagêd ngantos samantên sampurnanipun wau, kalampahipun ugi botên namung saêdêg saênyêd kemawon, nanging inggih ngantos pintên-pintên taun laminipun, inggih punika sarana cêcampuranipun kalihan bangsa-bangsa sanès. Awit sanyatanipun kabangsan ingkang sampun dipun sêbut sampurna tumrap jaman samangke, punika botên margi saking angsal-angsalanipun bangsa satunggal, nanging kenging kula wastani: dhasaripun rohing bangsa piyambak, kawêwahan kaklêmpakan wohing pikirananipun (geestelijk product) bangsa-bangsa sanès. Dados upaminipun kemawon kabangsanipun bangsa Walandi, punika dhêdhasaripun mila inggih nyata rohipun bangsa Walandi piyambak, nanging lajêng kawêwahan kawruhipun bangsa-bangsa sanès, kados ta upaminipun: ing babagan kagunan krawitan, nyengkok saking bangsa Rum (Itali), ing babagan kagunan yêyasan, angliyêr saking bangsa Yunani (Griek), babagan ilmu palintangan saking bangsa Arab, makatên sapiturutipun.

Nitik andharan inginggil punika, saupami bangsa ngriki kapengin badhe nyampurnakakên kabangsanipun [kabang...]

--- 1217 ---

[...sanipun] piyambak, mênggah pamanggih kula inggih kêdah adhêdhasar rohipun bangsa piyambak, sarta kêdah sagêd ngaos dhatêng kawruh-kawruhipun bangsa sanès. Anggèn kula mastani kêdah sagêd ngaos wau, pikajêngipun supados bangsa kula sagêd nimbang pundi ingkang sae lan cocog kalihan dhêdhasar rohipun bangsa piyambak, tuwin pundi ingkang botên. Ingkang pancèn sae sarta cocog kaanggea, dene ingkang botên mugi sampun dipun opèni. Dados upaminipun makatên: babagan techniek kawruhipun bangsa kilenan, punika pancèn nyata sampun onjo, tumrap bangsa kula pancèn inggih sae, tur inggih botên badhe adamêl kapitunan tumrap dhêdhasar rohing bangsa, malah inggih maedahi sangêt, lo, punika inggih sampun wajib bangsa Jawi kêdah angliyêr. Kosokwangsulipun: kêlonan ngadêg upaminipun, inggih punika kagunanipun jogèd bangsa kilenan ingkang limrahipun dipun wastani: dhangsah, punika botên cocog kalihan dhêdhasaring rohipun bangsa Jawi, amila langkung sae kasampirakên ing pagêr kemawon, makatên sapiturutipun.

Dados miturut punapa ingkang kula andharakên inginggil, sampun cêtha wela-wela, bilih murih kasampurnaning kabangsanipun bangsa piyambak, kula sadaya kêdah ngaos dhatêng bangsa-bangsa sanès. Amila kula inggih lajêng botên maibên, dene wontên satunggaling nasionalis ingkang sampun mantêp sayêktos, têka taksih migunakakên pitulunganipun bangsa manca. Kados ta anggènipun ngêdalakên kalawarti, punika antawising para pambantunipun wontên sarjananipun bangsa manca. Ingkang makatên punika mênggahing kula, lêrês sangêt, awit kêdah ngèngêtana, bilih sanadyan ing golonganipun piyambak, bangsa kula punika inggih anggadhahi mêngsah, kosokwangsulipun sanadyan ing golonganipun lawanan, ingkang pancèn dados mitraning bangsa kula inggih botên kirang. Wontên paribasan Walandi ingkang kintên-kintên makatên: "Wong nyêkêl maling iku ya kudu nganggo maling." Mênggah paribasan punika kenging kula têgêsakên makatên: "Sawijining bangsa kang arêp ngrêbut kalungguhaning bangsa liya, iku iya kudu migunakake kêkuwatan utawi kapintêrane bangsa liya mau."

Dados mênggahing nasionalis migunakakên pitulunganipun bangsa manca wau, botên kenging dipun wastani kirang kanasionalisipun, nanging malah kêdah dipun sêbut awas lan waspada. Ngèngêtana kemawon cariyosipun Prabu Dasamuka ing Ngalêngka. Liripun tumraping Bathara Rama kados botên gampil ngawonakên Sang Dasamuka, saupami rayi Nata Ngalêngka Sang Wibisana botên lajêng atur pambiyantu dhatêng Sang Rama. Awit inggih Sang Wibisana wau, ingkang nyumêrêpi pêjah gêsangipun: R. Kumbakarna, Patih Prahastha, R. Hindrajit lan sasaminipun, cêkakipun inggih Sang Wibisana wau ingkang nyumêrêpi sadaya wêwadosipun ing praja Ngalêngka, ingkang lajêng anjalari ungguling juritipun Sang Bathara Rama.

Amila mênggahing kula botên mêsthinipun upami lajêng amaoni dhatêng tindakipun nasionalis anggènipun angrangkul dhatêng bangsa manca, malah kosokwangsulipun wajib ngalêmbana dhatêng kawicaksananipun, ingkang pantês dipun tiru dening para têlèk bangsa kula sadaya.

[Grafik]

Sêkolahan A.M.S. ing Surakarta.

Makatên ugi ada-adanipun Tuwan Dr. Satiman anggènipun ngêdêgakên pamulangan A.M.S. ing Surakarta, saupami kanthi migunakakên para guru bangsa manca, anampi para murid ingkang sanès bangsa ngriki, punapadene anggènipun purun manggènakên pamulangan wau wontên ing gêdhong A.M.S. ingkang samangke suwung, punika mênggahing kula botên kenging dipun wastani kirang kanasionalipun, nanging anggènipun badhe andhasari kandêling raos kabangsan ingkang kanthi wawasan tuwin petangan prêmati, murih benjang kêdadosanipun saya adamêl kêkiyatan ajênging kabangsan. Para maos ngèngêtana andharan inginggil, sadhengah gêgayuhan ingkang wontên salêbêting alam karingkihan punika prêlu sangêt kêdah sagêd nyambung ingarênggang, mêmanuh ing kawêningan. Dados anggènipun angajêngi pitulungan wau botên nama satunggaling kanisthan, nanging malah dados jangkêping prabot pangudi murih kandêling raos kabangsan, sabab wohing pikiran ingkang dados pêpakêming bangsa-bangsa punika kêdah sumêbar saha karasuk dhatêng sadhengah bangsa ingkang nêdya ngajêngakên siti wutah rahipun. Sarèhning kêlampahanipun sadaya wau kêdah mawi pirantos sagêda anggayuh sawarnining dêdamêl (wohing pikiranipun para wicaksana)

--- 1218 ---

mila botên prêlu dipun sumêlangakên sangêt-sangêt, bab panggenan ingkang katampi dening sadhèrèk Dr. wau.

Kajawi punika para maos tamtu sampun sami anggalih, bilih bangsa Jawi punika satunggiling bangsa ingkang cacah jiwanipun (miturut statistiek) saya ngrêbda, sarta raosing bangsanipun, nadyan manggih kawontênan ingkang kadospundi-kadospundi, nanging taksih têtêp mantêp dèrèng ewah gingsir. Punika satunggiling tandha saksi, bilih bangsa Jawi kenging kaajêng-ajêng kamajênganipun tumrap raosing kabangsan.

Punapa malih kula sadaya kêdah ngèngêti, yèn samangke taksih bêtah pitulungan, jalaran kajawi ingriki guru-guru dèrèng anyêkapi, ugi dèrèng anggadhahi pamulangan luhur sambêtipun pamulangan têngahan ingkang dipun kajêngakên. Dados mênggahing cêngkorongan, taksih kathah kabêtahan ingkang awujud pitulunganing liyan.

Wasana panutuping obrolan kula punika, sadaya ngamal, sadaya tindak ingkang tinujokakên dhatêng kabêtahaning bangsa, tumindakipun botên kenging grusa-grusu, nanging dipun larasa kanthi jêmbaring wawasan rumiyin, murih sagêd lajêng saiyêg sêsarêngan nyambut damêl. Mangga sami tumindak sêsarêngan, mangga sami adamêl ngamal ingkang kenging pinuluk dhatêng bangsa, mangga sami ngluhurakên tuwin ngajêngakên bumi kalahiran, nanging mawia lambaran katrêsnan lan kawaspadan. Makatên bêbundhêlaning manah lan tekadipun pun PÊNTHUL.

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI.

[Grafik]

Abên gêlut. Satunggal-satunggaling nagari punika sok wontên cara ingkang nyalênèh. Dèrèng dangu ing Tuban wontên têtingalan abên gêlut, yèn caraa kilenan bokmanawi dipun wastani worstelen, nanging punika namung gêlut lugu, mawi ambanting. Tiyang ingkang ningali ewon. Gêlut kados makatên punika sampun wontên sawungipun punapa.

Bangsaning abên-abên punika pancèn dipun rêmêni tiyang, wiwit ngabên kêcik.

Pulo Bali dipun wigatosakên. Miturut pèngêtan, kawontênanipun bangsa ngamanca ingkang dhatêng pulo Bali, ing taun 1931 wontên 85, ing taun punika saya mindhak kathah. Wontênipun para ngamanca wau sami mrêlokakên dhatêng pulo ngriku, awit ingriku kathah sêsawangan adi, ingkang dèrèng ewah kados ing kinanipun.

Samantên pinanggihing pangaji-ajinipun para ngamanca, dhatêng barang yêyasan kina, wajib dipun telad.

Mambêngi papriksan mayit. Adj. Beheerder pagantosan ing Slawi nalika kêpêjahan anak, sarêng badhe kapriksa dening punggawa pès, punggawa pès wau dipun pambêngi ing para tamu, ngantos dipun jorogakên, malah kêpalanipun dhusun ngantos dipun gêbagi, salajêngipun dados rame, para tamu sami surak saha kêplok, pot-pot kathah ingkang risak, malah ambèn ingkang kangge andèkèk mayit dipun gerak-gèrèt ngantos risak.

Tindak kados makatên punika kajêngipun angajèni mayit, têmahanipun malah ngosokwangsul. Mugi sampun ngantos kapanjang-panjang.

Kakukum jalaran damêl declaratie botên salêrêsipun. Tuwan J. Warnast, hoofdpolitie agent ing Padang, kaukum kunjara sêtaun, jalaran kalêpatan damêl declaratie botên salêrêsipun.

Punika kenging kangge tuladha, tiyang sampun gumampil damêl declaratie, nama botên namung wartos kemawon, sampun wontên kanyatahanipun.

Rêgining barleyan mlorot sangêt. Dèrèng dangu wontên pawartos rêgining barleyan radi mindhak, nanging sapunika mandhap sangêt. Pagantosan guprêmèn manawi anggantos barang barleyan dipun andhapakên 25%, malah sanès wêkdal sagêd ugi mandhapipun ngantos 50%. Wontênipun makatên, kacariyos ing Afrika Kidul mêntas wontên kadurjanan barleyan ing pamêlikan.

Bab punika prêlu dados pêpèngêt tumrap ingkang sami ambêtahakên, sampun ngantos kapitunan.

Directeur Keng Po dipun tahan ing kunjaran. Tuwan Houw Djin Seng, directeur Keng Po, dipun tahan wontên kunjaran, jalaran rêndhêt anggènipun masrahakên arta Rode Kruis fods f 5000.- Arta wau asli saking para langganan. Tuwan wau prakawisipun lajêng dipun bantu dening Mr. Phoa.

Raosing pawartos punika katingal ing bab prakawis babagan arta. Nanging mênggah ing nyatanipun dèrèng cêtha.

--- 1219 ---

Kawêdalakên saking A.M.S. Wontên murid A.M.S. kawêdalakên saking pamulangan, amargi kasumêrêpan angewahi bijinipun nalika wontên Mulo. Anggènipun sinau murid wau sampun 3 wulan.

Lêlampahan kados makatên punika prayogi dados pêpèngêtipun para mudha, sampun ngantos nêrak dhatêng bab makatên punika. Nanging manawi ngèngêti dhatêng kawigatosanipun, têtela lare wau jalaran saking majêng tuwin kajêng, eman dene wontên sabab ingkang ngalang-alangi.

Bab rêdi Slamêt. Miturut wêca ingkang mawi wêwatos saking ahli rêdi latu, ing sapunika rêdi Slamêt tuwuh kawahipun enggal kaprênah kidul kilèn. kawah wau sambêt kalihan sirah lèpèn Gung, inggih punika lèpèn ingkang dhatêng laladan Têgal. Dados saupami wontên jawah, lèpèn wau badhe kilèn lahar ingkang wutah saking kawah wau. Ing bab punika ingkang wajib sampun andhawuhakên, samangsa ing rêdi Slamêt pêtêng, ngawiwi tiyang wontên ing lèpèn.

Dados pawartos ingkang botên-botên cêtha doranipun.

Kamajênganipun siti tanah ngriki. Sampun dangu Tuwan F. de Ruyter de Wildt ing Poenten, nindakakên cobèn-cobèn nanêm appel Eropa wontên pasitèn nginggilipun Malang. Sarêng uwoh, wohipun botên nguciwani, wontên ingkang satunggal ngantos wawrat satêngah pun, raos lan gandanipun botên kawon kalihan appel wêdalan ngamanca. Bab punika nuwuhakên gambiranipun para ahli nênanêm ing Eropa, kathah pangalêmbana ingkang tumuju dhatêng tuwan wau.

Ingriki botên prêlu ngalêmbana dhatêng saenipun pasitèn tanah Jawi, sampun katingal piyambak.

Lêbêting pajêg siti kêndho. Kawartosakên, lêbêting pajêg siti ing Priyangan Kêndho, para pangrèh praja ambiyantu tindaking para lurah. Ing bawah Bandung bakuning pajêg f 128.000, sawêg malêbêt f 59.000. mangka têlasing taun kantun 3 wulan malih.

Rêkaosing manahipun tiyang kuwajiban narik pajêg punika bokmanawi sami kemawon kalihan ingkang dipun tarik.

Pitulungan mikantuki. Wontên pawartos, parentah badhe maringi sambutan arta dhatêng Tuwan Sitsen ing Ngayogya, prêlu kangge damêl griya alit-alit, ingkang dipun tindakakên dening tamatan murid P.J.S. tuwin pamulangan kriya tiyang siti ingkang dèrèng angsal padamêlan. Griya wau manawi sampun dados, lajêng dipun lotrèkakên, angsal-angsalaning arta kangge damêl griya malih.

Tindak makatên punika manawi sagêd kasêmbadan, têmtu dados pitulungan agêng sangêt.

Bêtah padamêlan. Gemeente Magêlang mêntas ngêwrat pariwara wontên sêrat kabar, pados onderopzichter tuwin opzichter. Ingriku tiyang ingkang gadhah panêmbung wontên 210. Tiyang samantên wau wontên ingkang insinyur.

Samantên bêtahing têtiyang dhatêng padamêlan ing mangsa punika.

Nêdha dipun giri-giri. Parentah ing Makassar sarêng nindakakên kêncêng ing bab pangetanging pajêg kanthi suka sumêrêp ukumanipun, lajêng wontên tiyang 60 sami ngaturakên pratelan, gunggunging pajêg wontên f 12.000.

Limrah, sawarnining tindak rêndhêt punika nêdha dipun kêncêngi.

Gagragipun tiyang pados arta. Juragan demmo B.O.B. ing Bêtawi gadhah ada-ada, para ingkang numpak dipun sukani pêthuk, manawi sampun nglêmpak pêthuk wau badhe dipun lintoni bêbingah.

Caranipun pados arta ing jaman sapunika wontên-wontên kemawon. Dangu-dangu ngantos kados lare alit.

Saya wiyar têbanipun. Kawartosakên, 1. Tuwan Suprapto, tilas murid Mulo Taman Siswa ing Ngayogya, 2. Tuwan Suyono tuwin 3. Tuwan Abudiman, sami tilas murid Mulo Guprêmèn ing Pêkalongan, tiga pisan wau bidhal anglajêngakên sinau dhatêng Asrama barati Santi Nikatan, yasanipun Sang Tagore. Kintên-kintên sinaunipun 5 taun.

Tindakipun para mudha punika mugi manggiha woh sae, lan manawi kêlampahan makatên, sagêda nulari dhatêng ingkang kantun.

AUSTRALIA.

Lindhu agêng ing Nieuw Zeeland. Ing Nieuw Zeeland mêntas wontên lindhu agêng, karisakanipun kathah, sasampunipun lindhu tanpa kèndêl, wêkasanipun wontên sela ingkang wawratipun 600.000 ton malorod saking rêdi ingkang inggilipun 200 kaki. Kapitunan kintên-kintên wontên 50.000 pondsterling.

EROPA.

Golongan bêrah muring-muring. Pangagênging Centrale Bond ing nagari Walandi nama Tuwan Esoeld, sasampunipun mêntas parêpatan, lajêng dipun tangani ing tiyang kathah saha dipun banting-banting, wontên panuntun sanèsipun ingkang nandhang tatu, rahayunipun lajêng sagêd oncat. Dene wontênipun ngantos dipun makatênakên Tuwan Esoeld wau mratelakakên wontên ing parêpatan, bilih panggêsanganipun tiyang sakulawarga punika cêkap f 80.-

Samantên muring-muringipun tiyang dipun garap mirah.

[Grafik]

Paargyan grondwet ing Jerman. Ing gêdhong Rijksdag ing Berlin, Jerman mêntas dipun wontênakên paargyan, mèngêti grondwet. Ing kala punika tumindaking paargyan sakalangkung agêng. Inginggil punika gambaripun Pres. Hindenburgh (ingkang têngah), nalika anjumênêngi paargyan.

--- 1220 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

44.

Nyonyah Dhorah piyambak inggih botên mangrêtos, punapa inggih anggèning tôngga wau gêthing dhatêng piyambakipun, wêwinihipun saking Nyonyah Dhorah, awit Nyonyah Dhorah piyambak botên rumaos nate ngrèmèhakên utawi damêl kirang rênaning tangganipun wau. Malah manawi mirid lêlampahan ingkang pinanggih, nyonyah tôngga wau katingal anggènipun minihi damêl sêrik, lumuh kasoran. Kados ta manawi sumêrêp Nyonyah Dhorah têtumbas punapa-punapa, sanès dintên inggih lajêng tumbas ingkang kapara ngungkuli. Manawi Nyonyah Dhorah têtumbas barang idêran, môngka pangawisipun botên kadadosan, tiyang ingkang idêr wau lajêng dipun ampirakên, pangawisipun Nyonyah Dhorah lajêng dipun jori. Manawi Nyonyah Dhorah tumbas daging sakilo, nyonyah tôngga wau tumbas kalih kilo. Makatên sapanunggilanipun.

Makatên ugi Nyonyah Dhorah mirêng, tôngga wau nate ngraosi, bilih sintên ingkang kadhatêngan Nyai Kucing punika tamtu badhe karisakan. Nanging mênggah sajatosipun, nyonyah tôngga wau tiyang kêkirangan, tindakipun sêsongaran, tuwin anggènipun ngêjori, punika namung tuwuh saking manah drêngki.

Ing sapunika Nyonyah Dhorah, sarêng sumêrêp kawontênaning tangganipun wau kados makatên, lajêng rumaos gampil manawi badhe gêntos malês sêsongaran, kintên-kintên botên badhe kêkirangan margi.

Sarèhning sampun têrang bilih gêthinging tôngga wau jalaran saking gadhah manah mèri, mila panuthukipun gampil kemawon, waton Nyonyah Dhorah anyandhang ngangge sarwa gumêbyar, tamtu araos ngiris-iris manahipun nyonyah tôngga wau. Môngka mênggahing Nyonyah Dhorah botên kêkirangan arta. Dados anggènipun Nyonyah Dhorah rêraosan badhe têtumbas barang, punika yêktos.

Nyai Kucing mirêng ginêmipun nyonyah Dhorah punika sakalangkung bingahing manah, rumaos angsal margi anggèning badhe nawèkakên barang kêmpitanipun. Ing ngriku Nyai Kucing lajêng nêdahakên anting-anting barlian agêng-agêng, cahyanipun gumêbyar ambalêrêngi, kalihan wicantên: Punika anting-anting barlian, botên nguciwani, manawi panjênêngan ingkang ngagêm, pantês sangêt.

Adhuh, ana anting-anting athik samono gêdhene. Yèn diênggo iba abote.

Pundi wontên tiyang kawratan ngangge anting-anting. Kula aturi mundhut ta, mirah kemawon. Wah, manawi panjênêngan ingkang ngagêm tamtu pantês sangêt, iba anggènipun gonèl-gonèl.

Ana kae sorote kok kuning.

O, manawi sorot biru, rêginipun môngsa angsala tigang èwu. Sarèhning punika sorotipun jêne, rêginipun namung nêm atus.

Nanging aku apa pantês nganggo anting-anting gêdhene samene.

Dipun cobi kemawon, ta. Agêm panjênêngan anting-anting kula aturi ambikak. Manawi sampun dipun agêm, kula aturi ngilo.

Nyonyah Dhorah lajêng ambikak anting-antingipun mutyara, santun ngangge anting-anting barlian, gulunipun lajêng gela-gelo kalihan gumujêng. Wicantênipun: Lo, kok ya ènthèng bae. Apa ya pantês.

Gêlar yêkti kula aturi ngilo, punika lo kaca ing bipèt, kula aturi andangu piyambak, kaca wau tamtu botên dora.

Nyonyah Dhorah lajêng mara dhatêng sangajênging kaca, gela-gelo kalihan mèsêm. Wusana wicantên: Apa ya wis pantês têmênan ta, mak.

Tiyang panjênêngan punika kalung usus, punapa ingkang panjênêngan agêm namung sarwa mantêsi. Sarêng anting-anting punika panjênêngan agêm, lajêng katingal, pantêsipun rêgi sèwu.

Yak, kowe kuwi têgêse rak ngombèni aku, ta.

O, botên, nyonyah, namung salugunipun.

Iki anggone pancèn iya ora abot, mung sarèhning gêdhe iki, iya rada ana kacèke. Wis, cêkake barang iki aku dhêmên, tinggalên dhisik, tak pikire, yèn kadadean, tak bayar. Yèn ora, tak balèkake. Sesuk paranana.

Prayogi, nyonyah, botên dados punapa. Manawi prakawis pantês, kula sampun matur, pancèn golèng-golèng yêktos. Dene prakawis rêgi, kenging kirang saking nêm atus.

Nyonyah Dhorah ningali jam sampun jam kalih langkung saprapat, wancinipun ingkang jalêr mantuk saking padamêlan. Lajêng wicantên: Iki wis jam loro liwat saprapat, mak, bojoku wis mèh mulih, kowe êndang balia, aja nganti kêpêthuk dhèwèke.

Botên dangu Nyai Kucing wangsul, lajêng jêdhul kêtungka dhatêngipun Tuwan Sumarta.

Sampun padatan, Tuwan Sumarta sabên wangsul saking padamêlan ulatipun pêtêng. Ing bab kados makatên punika tumrap Nyonyah Dhorah sampun botên dipun raosakên, saking sampun kulina. Nanging sagêdhagan punika, Tuwan Sumarta botên namung pêtêng ing ulat kemawon, malah katingal ambrabak nêpsu, badanipun gumêtêr. (Badhe kasambêtan)

--- 149 ---

Nomêr 38, taun III

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu

Wangsulan

[Dhandhanggula]

Ing dhèk Sêtu aku uwis janji / arêp mêdhar ing bab pitakonan / ya Dhandhanggula têmbange / dene pitakon iku / sêmut irêng nak-anak sapi / mêngko aku tak kôndha / ning mung trima nurun / awit ing V.A. wis ana / kacèke mung mêngko ditêmbangke iki / coba mêngko rungokna //

sêmut irêng anak-anak sapi / iku dadi sêmoning dongengan / putri Wandhan caritane / kulite irêng mulus / apêparab Dèwi Sapudi / kono banjur digarwa / Brawijaya Prabu / ing têmbene apêputra / miyos kakung Dyan Lêmbu Pêtêng kang nami / misuwur sanagara //

kêbo bongkang: iku anyêmoni / Kyai Agêng Kêbo Kanigara / Kêbo Kananga karone / padha putraning ratu / Brawijaya ing Majapait / wong loro banjur padha / ana Pêngging iku / ing sarusaking nagara / madêg kraton ing Dêmak satriya kuwi / kasilêp ora kocap //

nyabrang kali bangawan nyêmoni / yèn satriya loro mau padha / nyulayani nyang ratune / lumuh manut miturut / anglakoni cara Islami / Ki Kanigara muksa / anèng Mrapi gunung / dene Ki Kêbo Kananga / asrah pati Sunan Kudus kang nyedani / rampung tanpa prakara //

kang mangkono kanggo ngupamani / sampurnaning pati kaya nyabrang / keyong sacarak sungute / iya pasêmon mungguh / angarani Mas Grèbèt kuwi / uwong mung asli desa / nyata keyong iku / kewan kang cilik lan nisna /nistha. dene ing Pêngging akèh umbul banyu mili /Lebih satu suku kata: de ing Pêngging akèh umbul banyu mili. goning kewan kuciwa //

ewadene ing têmbene buri / Jaka Tingkir bisa madêg nata / iku kanggo ngupamakke / keyong kang cilik iku / duwe sungut sacarak luwih / dadine ora timbang / timun godhong wolu / dadi pasêmon kang cêtha / tumrap marang Panêmbahan Senapati / darah ora katara //

nanging têmbe dadi ratu luwih / kang jalaran dadi putra angkat / Sultan ing Pajang rekane / lan para gêdhe wolu / ngangkat mênyang Sang Senapati / kaya ta Ki Mataram / Jru Martani têlu / Kiyai Tumênggung Mayang / Ki Panjawi Pangran Madepandhan tuwin / Ki Buyut Wirasraba //

lan manèhe Kyai Juru Kithing / kawolune Adipati Batang / wis ganêp wolu cacahe / dadi kono tinêmu / gone ngangkat Sang Senapati / dipindhakake kaya / ngangkate wong wolu / môngka barang kang diangkat / ora murwat dene êmung timun siji / tur wuku ora mingsra // (Ana sambungane)

--- 150 ---

Iwak Lodan Mabur

Lo, kok anèh, ana iwak lodan kok bisa mabur, mêsthine mung dongèng umuk-umukan, aja kogugu.

Satêmêne dongengan sing elok-elok iku akèh, tumrape bocah mêsthine wis kêrêp padha krungu, kaya ta dongèng Timun Êmas nalika dioyak-oyak gajah mata sanga, kuwi Timun Êmas anggêr arêp kêcandhak banjur nyêbar sangune, kaya ta nyêbar wiji timun banjur dadi patêgalan timun, wohe andadi. Gajah mata sanga banjur kandhêg pangoyake, kêtungkul mangani timun, mangkono sabanjure. Pungkasane timun êmas nyêbar trasi, dadi sagara êmbêl, gajah mata sanga têrus nyabrang, wusana mati kêblabak ing sagara êmbêl.

[Grafik]

Coba pikirên, dongèng kuna kuwi rak anèh ta. Dene lumrahe bocah, sabên ngrungokake dongèng kaya mangkono mau padha bungah, nanging satêmêne durung ngrêti, yèn iku mung dongèng. Suwe-suwe barêng wis gêdhe iya banjur ngrêti dhewe, lan sabanjure gênti dadi tukang dongèng kaya mangkono manèh. Dadi têgêse wis lumrah, dongèng iku dongènging bocah, sing nganggêp umuk iku wong sing wis ngrêti, awit yèn bocah didongèngi sing nyata-nyata, malah ora ngrêti, lan ora sênêng atine.

Ing saikine aku tak ambanjurake dongèng iwak lodan sing bisa mabur mau, wah, gêdhene dudu mênus, yèn ngêlangi ana ngawang-awang anglêr, swarane mêdèni, anggêrêng kaya wong kadhêmên, malah ing bab anggone ambêbayani ngungkuli iwak lodan lumrah, awit yèn nêlèk, têlèke bisa ngrusakake kutha.

Dongèng iki yèn tumrape bocah cilik mêsthi anggugu, awit bangsane aneh-anehan iku tinêmune ana ing dongèng malah lumrah. Panggagasing bocah malah saya mulur, kaya ta ngrasani ing bab pamancinge, kapriye. Malah trêkadhang muni: wong saiki ana kapal mabur, mêsthine ya ana iwake lodan mabur. Nanging mungguh nyatane, iku mêsin mabur prajurit anggêgana Amerikah, ing kono miranti gêgaman pêrang. Iya kuwi bom, lakune rikat bangêt.

Mangkono iku tinêmune dongèng iwak lodan mabur.

--- 151 ---

Rukun Olèh Gawe

I. Jago kelangan babon

Wayah esuk, ana jago kluruk, suwarane ngêbaki desa, kaya anggugah wong sing isih turu. Jago mau anggone mlangkring cêdhak karo babone.

Jago kluruk manèh: blêg, blêg, blêg, kukuk kluruk.

Babone nyaru: Wis, ta, wis. Iki isih wayahe wong turu, aja sêru-sêru, mundhak disrêngêni.

Jago: Yèn sing ngrungokake klurukku iki wong kêsèd, mêsthine nêpsu, nanging yèn Pak Kasan, malah bungah, la kae galo, banjur adan. Wis ta, tinimbang kowe kalêbu golongan kêsèd, wis mudhuna, ngliwêt, ngliwêta kana.

Babon ngrasa yèn gunême jago mau kamoran pangoso, wah manèh jago mau pancèn kêrêng, dadi iya banjur mêdhun, arêp ngêliwêt, ulate anjabrut.

Wong nyambut gawe kanthi ora sênêng kuwi pancèn ora bêcik, wah manèh isih rêpêt-rêpêt, dadi tuna dungkap.

Saudhune babon, ora suwe jago krungu suwara klubuk, klubuk ngira yèn sing wedok nêmu bêbaya, banjur mêdhun. Têmênan, babon kêcêmplung jêmbangan, jago banjur nulungi karo muni: Genea, ta. Kok nganti kêcêmplung.

Babon mangsuli karo andharêdhêg: Wong isih patêngpêtêng. ngene kok dikon thêruthukan, yèn kêcêmplung jêmbangan ngene iki kapriye.

Jago: Wis ta, aja nêpsu ya dhuk. Saiki ngisisa ana ngisor pêlêm kono, bèn garing. Ora usah ngliwêt.

Babon banjur thênguk-thênguk ana ngisor pênam,pêlêm,. jago nunggoni saka kadohan karo kluruk ora lèrèn-lèrèn.

Ing dhèk samana isih pêtêng, jago lan babon ora ngèlingi mênyang bêbayaning awake. Ora suwe ana luwak kêthêmêk-kêthêmêk nyêdhaki babon karo muni mangkene: Mas ajêng, dene enjing-enjing sampun siram, tuwin wontên ngriki piyambakan, punapa botên ajrih. Babon ditakoni mangkono mau ora bisa mangsuli. Mung andharêdhêg. Luwak ora sabar, babon banjur ditubruk digondhol. Jago krungu sambate sing wedok: Adhuh wong lanang, aku digondhol luwak, tulungana.

Jago kang tansah adol bagus, barêng krungu sêsambat mangkono mau banjur alok-alok: pêtog, pêtog. Nanging wis kasèp.

Ora suwe akèh wong padha mêtu anggawa pênthung, karo alok: Luwak, luwak. Na, ngidul, ngidul. Pancèn pitike sing anèh, isih pêtêng mêngkene wis mêdhun.

Jago thênguk-thênguk dhewe karo mrêbês mili.

--- 152 ---

Dhêdhasaring Bocah

Bocah iku kang pancèn wis duwe dhêdhasar, wiwit cilik wis ana titike, kaya ta bocah sing pancèn duwe dhasar gêmi, cilik mula iya wis ketok, yèn dêduwèn kêkêt, disilih kancane ora olèh, lagi didêmok bae wis nêpsu. Bocah sing kaya ngono kuwi pancèn ora nyênêngake, mêsthi digêthingi kônca-kancane. Mungguhing titik, iku calon dadi bocah gêmi, tumrap wong tuwane kari nênuntun, murih aja duwe watak nyêngit. Nanging priye ta, gêmi iku pancèn watake cêdhakan karo kaya mangkono mau.

[Grafik]

Ing saiki tumrap dhasare bocah sing besuke dadi kriya sapanunggalane, iku wiwit cilik iya wis dhêmên thak-thik, malah yèn kabênêran, isih bocah bae wis duwe kabisan sing agawe gumuning wong tuwa.

Ana uga kabisan mau kajaba saka dhêdhasar, iya jalaran saka pakulinan utawa kacara. Ing karangan iki ana gambare sinyo ing tanah Eropah kang bisa anggawe pêpêthan asu, sing digawe wêdhi. Wujude plêk kaya asu têmênan. Bocah kang kaya mangkono mau pancèn wis duwe dhêdhasar bisa gêgawean, lan kabisane mau iya jalaran saka pakulinan utawa kacara.

Mungguhing bocah Jawa, kang tinêmu ing bocah desa, iku akèh sing duwe dhêdhasar bisa anam-anam. Bisane mau sing akèh jalaran saka kulina lan kacara, kaya ta yèn kalane angon, iku sok padha sêsambèn gawe wayang sukêt dondoman, iya iku kêmbanging sukêt dondoman diênam, ana sing dipêtha satriya, buta, petruk sapanunggalane. Yèn pagaweane mau dititik, ketok tandhane bocah bisa anam-anam, dadi ora anèh yèn besuke dadi wong kang pintêr mênyang pagawean kang kaya ngono.

Saya manèh tumrap bocah kang dhêmên orak-orèk anggambar, akèh bae besuk ing gêdhene dadi tukang anggambar têmênan.

Kabèh mau mung dadi titik dhêdhasaring bocah.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]