Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-10, #1647

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1932, #1647
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-01, #1647. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1470.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-02, #1647. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1471.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-03, #1647. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1472.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-04, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1473.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-05, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1474.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-06, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1475.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-07, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1476.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-08, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1477.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-09, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1478.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-10, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1479.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-11, #1647. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1480.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-12, #1647. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1481.

Ôngka 81, 7 Jumadilakir Dal 1863, 8 Oktobêr 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1269] ---

Ôngka 81, 7 Jumadilakir Dal 1863, 8 Oktobêr 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Tatwawara - Bab Pakêmpalan Parte Tionghwa Indhonesiah - Kagunan - Jaarmarkt ing Surabaya - Puji Raharja - Kamajênganing Èstri Jawi - Protès Badhe Sudaning Balônja - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Tatwawara

[Mêgatruh]

Wong lumaku kang tansah ngambah dalan gung / tan sumêlang kênèng êri / lastari tulus rahayu / yuwana samargi-margi / puwara sahing lêlakon //

beda lawan kang sok dhêmên nusup-nusup / nlêsêp ngulari ling-aling / lir angganing manuk êngkuk / kumênthus mangkring pang garing / gariyêng kag kug tan anggop //

jroning cipta anggêpe kalantur-lantur / dupèh bisa angungkuli / wong sapasar kang kumrumpyung / anèng ngisoring waringin / waringutên ambêgogok //

rah-arahên sirnaning anggêp tan jujur / wit jêjêre mrih basuki / sukaning jagad kinayun / dudu drênging tyas darêngki / kang mêmurung karahayon //

yuning raga ywa rinagèn ragu-ragu / tan wun rogarda ngranuhi / pikolèhe anggung lêsu / lês-lêsan kadi wong ngimpi / êmpon-êmpone mung jomblong //

kukubane kari kojah karo umuk / prandene den êmi-êmi / tan wruh yèn manggon nèng kêdhung / kaglundhung ing jurang curi / caraning urip kalorop //

--- 1270 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Pakêmpalan Parte Tionghwa Indhonesiah

IV.

Garèng : Truk, Truk, lagi dina Rêbo kang kapungkur kae kowe dikon ngêntèni aku sadhela bae, têka ora kanti, tumuli banjur mulih bae, hla, ing wusana banjur ora bisa nêrusake rêmbuge lagi dina Sabtu kae. Ora, kowe kuwi pancèn iya wong mêntalan têmênan.

[Grafik]

Petruk : Iya aja dadi atimu, Kang Garèng, wong kala samono aku pancèn ribut bangêt marga pindhahan. Wêruha, Kang Garèng, nèk saiki aku kiyi munggah drajate, dhèk biyèn manggon ana ing gang (Gang Karnolong), saiki manggon ana ing lan (Ijsfabrieklaan), mung bae omah saiki sewane tikêl loro... murahe, kahanane tikêl têlu... cilike, kang anjalari barangku sing sêparo tak... obral. Ora, Kang Garèng, dupèh aku enggal-enggal mulih, kok banjur kok unèkake mêntalan, kuwi sababe dening apa.

Garèng : Iya mêsthi bae, ta, yèn jênêng mêntalan, wong ana ing omahing uwong dhewe sadhela bae, sadhiyanku sarapan sêga liwêt kambi cêplokan êndhog kathik diludhêsake babarpisan, kajaba iku kathik ora lali anggone ngusung pisan... biyunge cêplok sing lagi angrêm. Hara, apa ora jênêng mêntalan kuwi. Ora, Truk, sabênêre aku ngalêmbana bangêt nyang kowe, dene saiki wis pupuran sadurunge bênjut, awit kowe kuwi wong putrane rama gubêrnêmèn, sanadyan mung jênêng Klêting Kuning. Ing

--- 1271 ---

môngka nèk ora kabênêran, taun ngarêp kiyi bakal sêtêngah kiyamat, mulane kuwi rak aluwung ngobralake bêkakase, katimbang ngobralake... anak bojone.

Petruk : Wiyah, wiyah, Kang Garèng ambok aja ngece mêngkono, karo manêh aku kok ora ngandêl, yèn nagara arêp samono têgêle. Paribasane bae rak wis ana: wong tuwa nyang anak kuwi, sanadyana tega nyang larane, masa tegaa nyang patine.

Garèng : Mula iya mêngkono, Truk, mung bae jamane saiki kiyi jaman anèh-anèhan, kuwatirku, nèk jamane banjur malih nyara... plêncing, anak warak. Nèk samono jamane, bangsane kowe barang kuwi, mêsthi rê... muk. Nanging aja dibanjur-banjurake le ngrêmbug bab kiyi, Truk, awit nang mata sê... pêt. Saiki padha ambalèni rêmbuge ing sakawit. Dhèk anu aku ngomongake, yèn baline dhuwit sing diutangake bôngsa Tionghwa, nyang para tani sok anggawa rewang tikêl, lo, kuwi pancèn lakune among dagang. Iki rak padha bae karo lagi kowe dhèk biyèn adol pisang gorèng kae. Anggonmu kulak gêdhang salirang isi 20 ulêr, mung nêm sèn, glêpunge têlung sèn, lêngane limang sèn, gunggung kabèh anggonmu ngêtokake dhuwit mung 14 sèn, dadine pisang gorèng ana 40 iji, têka banjur kok êdol nyasèn, dadi olèh-olèhanamu gunggung 40 sèn. Hara, baline dhuwitmu kiyi apa ora tikêl matikêl.

Petruk : Lo, kiyi seje bab, Kang Garèng, wong dodol kaya sing kok kandhakake kiyi cara Landane rak akèh risikone, akèh têtanggungane. Kaya ta: gêdhang salirang kuwi rak durung karuwan bêcik kabèh, bisa uga ana sing bongkrèkên, glêpunge durung karuwan yèn ora apêk, lan anggone dodol mau durung karuwan, yèn bisa payu kabèh, kuwi kabèh durung tak kandhakake sing ilang, sabab saka di... icip-icip.

Garèng : Apa manèh yèn sing kanggo icip-icip kuwi... sêparo dhewe. Kowe kuwi le ora mempêr, Truk, Truk. Nèk dipikir risikone, tindak apa bae iya mêsthi ana risikone. Apa dikira bôngsa Tionghwa sing nyilihi dhuwit nyang wong tani mau ora ana risikone. Rak bisa bae kalakon, têtandurane wong tani wau dipangan mênthèk, utawa ing desane wong tani mau karawuhan dèn bagus pès, utawa mas lara kolerah, kang anjalari si tani sacindhil abange tumpês babar pisan hara, nèk ngono kuwi dhuwite bôngsa Tionghwa mau apa ora kalakon kocar-kacir. Lan kowe aja kalalèn: saka abote sêsanggane si tani nyang kanane, rak bisa kalakon andadak... tèkên kontrak.

Petruk : Ewasamono, Kang Garèng, aku mêksa durung bisa nêksèni pitulungane bôngsa Tionghwa nyang bangsane dhewe kiyi, sing pancèn mumpangati têmênan. Malah kosok baline, sok ngêngèl-êngèl marang kamajuane wong bumi dalah nagarane. Kaya ta bôngsaa Walônda, Tionghwa, Arab, utawa wong bumi pisan, [pi...]

--- 1272 ---

[...san,] sing padha lênggah ana ing polêksrad upamane, kuwi mêsthi kêkêmbange bôngsa-bôngsa mau. Têgêse: ora ngêmungake para sing gêmblengan, sing atos, nanging pangarêp-arêping umum, iya sing luhur bêbudène. Apa manèh tumrape para warga bôngsa Tionghwa, ing sarèhne kalênggahane ana ing tanah kene kiyi dumunung ana ing têngah-têngah, dadi ora prêlu milih ngalor utawa ngidul. Mulane pangarêp-arêpe wong bumi iya mung mênyang kasuciane panggalihane, karêpe: mêsthi ora bakal ilon-ilonan, apês ambalêbês sing ditindakake mêsthi watak Bratasena: sapa sing salah disalahake, sapa sing bênêr, iya dibênêrake. Nanging katone nganti saiki, jêbul yo ayo nang Amsêtêrdham, loso, yaiku: nèk kana bêcik ajêgan, nèk kene salah dhur-dhuran.

Garèng : Para warga polêksrad bôngsa Tionghwa saiki kiyi kok unèkake kêkêmbangane bangsane, lo, kuwi nèk rumasaku kok rada têrlalu, dhing. Saupamane kok arani pilihane bangsane, hla, kuwi mèmpêr, pancèn mula iya mêngkono. Nanging sing kêpilih mau, rak durung kinarta yèn mêsthi kêkêmbange bangsane. Iki padhane rak lurah desa kae, dupèh dadine lurah mau dipilih wong sadesa, apa iya mêsthi kêkêmbange desa kono, durung mêsthi, sèh. Bisa uga anggone kêpilih mau, jalaran diwêdèni, bisa andongèng, utawa jalaran bisa... photong kambing. Prakara kandhamu yèn warga polêksrad bôngsa Tionghwa tumêkane saprene tansah abonêmèn marang panêmuning kana, nanging tansah nyatru nyang panêmuning kene, kuwi aku ora bisa maido, awit bôngsa Tionghwa kuwi nganti tumêkaning ngêros pisan pancèn among dagang, nèk nganti mung arêp ngamini karêpe wong bumi bae, kang wusanane wong bumi banjur padha pintêr-pintêr, mêngko rak kalakon bangsane dhewe kapêksa banjur: eing, e- ing, mari pulang nêgara... ora papa.

Petruk : Dadi nèk mêngkono rak iya cêtha, ta, yèn bôngsa Tionghwa, sing anane ana ing kene kiyi niyate mung among dagang, kêna tak arani mokal, ta, saupamane arêpa ambantu nyang kamajuane bôngsa bumi, awit saya dadi pintêr bôngsa wong bumi, mêsthine kauntungane iya saya... mungkrêt. Mulane aku iya banjur ora gumun, Kang Garèng, mênyang lêlakone toko Padhang ing Bêtawi kene, ingatase toko sêmana gêdhene, pêpayone mindêng mêngkono, sadhela bae têka mak klêsêd, gulung lampit, apa iya dudu...

Garèng : Sê-top, ora prêlu kok banjur-banjurake, mêngko mundhak kalêlêgên impling, luwih bêcik rêmbugane bab kiyi dilèrèni samene bae, wong atiku: dhag, dhug, dhig, bae.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3707 ing Sawo. Kula aturi paring priksa, Kajawèn nomêr pintên ingkang dèrèng katampi. Pangintun kula ajêg.

Lêngganan nomêr 3572 ing Salatiga. Gambar ingkang lêmbaran botên wontên. Prayogi mundhut Kajawèn sunan nomêr kemawon, rêgi 5 kêthip.

Lêngganan nomêr 4487 ing Sarangan. f 1.50 ingkang kula tampi kaping 23/9, punika tumrap 4e. Kw. '32.

--- 1273 ---

Kawruh Sawatawis

Kagunan

Ing jaman sèkêtan taun kapêngkêr, tumraping bôngsa Jawi, kathah sangêt têtingalan ingkang dipun gawoki, inggih punika têtingalan ingkang asli tanah ngamônca, kados ta bangsane sulap, kumidhi tuwin sanès-sanèsipun. Anggènipun sami gumun wau saking sawarninipun ingkang dipun pitongtonakên sarwa adamêl gawok. Manawi bab sulapan, gumunipun ingkang sami ningali, ngantos nuwuhakên panggagas ingkang botên-botên, wontên ingkang mastani, bilih sulap punika kawruhing setan, mila sagêd ngawontênakên ingkang sarwa anèh-anèh.

Nanging manawi miturut cêcariyosanipun para sêpuh, utawi ingkang kasêbut ing sêrat-sêrat Jawi, kawruh sulap punika ing kina inggih sampun wontên, inggih punika ingkang dipun wastani anjantur. Anèhipun inggih adamêl gawok. Dene wontênipun lajêng kasilêp, kintên-kintên jalaran saking botên dipun têngênakên, amargi mirid kapitadosan, botên sae, malah wontên ingkang mastani, tiyang nyulap punika badhe kamlaratan ing salami-laminipun.

Dene manawi bab kumidhi, punika têtiyang sampun sagêd mastani manawi kawruh bares-baresan, punapa ingkang dipun tindakakên sarwa nyata. Dene wontênipun sarwa gumun, jalaran saking anèh-anèhipun ingkang dipun mainakên, kados ta tiyang sagêd jêmpalikan, tiyang rosa, tiyang sagêd ngajar sato kewan tuwin sanès-sanèsipun. Nanging inggih punika namung kandhêg ing gumun kemawon. Môngka kawruh kados makatên punika salugunipun bôngsa Jawi inggih sampun kadhah.kathah. Dados mênggahing nalar, sadaya wau namung saking kasilêp saking botên dipun sinau, utawi dipun anggêp kawruh asor.

[Grafik]

Tuwan Mustapa nalika nyulap wontên ing Batawi.

Dangu-dangu kawruh wau lajêng wiwit gêsang, têtiyang Jawi purun nindakakên sawatawis, nanging inggih namung dipun tindakakên dening perangan andhap, tandhanipun mawi dipun saranani ambêbarang, kados ta bangsaning ringgit emprak.

Sarêng dumugining jaman ngêmbrahing para mudha, inggih jaman pangajaran, kawruh ngamônca wau saya sumrambah, malah lajêng dipun mangrêtosi, bilih kawruh yêktos, kenging kangge sarana ngupa jiwa, ngantos dados pangupa jiwa agêng. Tandhanipun nyumêrêpi

--- 1274 ---

ing bab agênging pamêdalipun, lan tiyang anggadhahi kumidhi utawi tukang sulap ingkang agêng, punika sanès tiyang baèn-baèn. Wusana malah dados pêpenginaning ngakathah, nanging pêpenginan wau nyatanipun malah botên gampil dipun telad, awit sadaya kêdah sarwa kasêmbadan. Sagêd ugi dangu-dangu pangupa jiwa kados makatên wau sagêd tumular dhatêng têtiyang ing tanah ngriki.

[Grafik]

Gambaripun Tuwan Sahroni.

Nanging sampun limrah, samukawis punika mawi kalamôngsa, manawi sampun wontên ingkang miwiti, ing wingking lajêng kathah ingkang sami tumut, lan ugi sagêd nindakakên. Kados ta bab kasagêdanipun juru sulap tuwin kumidhi, dangu-dangu têtiyang Jawi inggih kathah ingkang sampun sagêd nelad. Malah dangu-dangu kawruh wau lajêng dados margi ngudi kamajêngan, tandhanipun lajêng dipun tindakakên dening para mudha pangajaran.

Para mudha pangajaran wau lajêng saya jêmbar wawasanipun, sagêd andumugèkakên panjôngka asarana sangu kasagêdan ingkang makatên punika. Kados ta Tuwan Mustapa, ingkang sapunika nuju lêlana ngubêngi jagad, kajawi sampun dhêdhasar kasagêdan, ingkang kangge sarana, inggih punika sangunipun anjajah praja, kalayan mitongtonakên kagunanipun sulap, kalêksanan lampahipun sagêd widada dumugi ing pundi-pundi.

[Grafik]

Kasagêdanipun Tuwan Sahroni nênumpak sêpedhah.

Tindak kados makatên punika pinanggihipun wontên ing wawasan, nama satunggiling kamajêngan, lan nyata bilih kawruh ingkang rumiyin dipun anggêp sapele, lajêng katingal mênggah gêngging pigunanipun.

--- 1275 ---

Tamtu tindak kados makatên punika lajêng nuntuni ingkang kantun. Sapunika wontên ingkang sumusul, inggih punika Tuwan Sahroni, ing Surakarta, ugi nêdya angidêri jagad, dene sarananing pados sangu lampah, kajawi nyulap, ugi mitongtonakên kagunan numpak sêpedhah. Ingkang dipun sagêdi wontên 30 warni. Kagunanipun sawatawis katingal wontên ing gambar.

Ing sapunika katingal, bilih kagunan numpak sêpedhah, ingkang rumiyin namung katindakakên dening juru main kumidhi, ing sapunika sampun sagêd dipun telad dening tiyang ing tanah ngriki, lan kasagêdanipun inggih sampun sairib kalihan juru main kumidhi ingkang sayêktos.

Nalika pasar malêm kabangsan ing Surabaya, Tuwan Sahroni mitongtonakên kasagêdanipun numpak sêpedhah, ngantos dipun sukani sêrat pangalêmbana. Makatên ugi kalanipun wontên pasar malêm ing Jawi Têngah ugi mitongtonakên, dumugi sapunika sampun angsal bintang mas tuwin salaka 12 iji.

Bidhalipun Tuwan Sahroni saking Surakarta kala tanggal 25 Marêt, sampun ngambah nagari-nagari ing Jawi Wetan, 50 panggenan, sadumugining Batawi dhatêng ing sêkolah-sêkolahan. Dene salajêngipun, badhe dhatêng Sumatrah, Indhocina, Jêpan, Amerikah lajêng Eropah. Saking pangintênipun lampahipun wau badhe kêmput salêbêtipun 7 taun.

Dados nyata, bilih kagunan punika agêng pigunanipun.

Jaarmarkt ing Surabaya.

[Grafik]

Sêsawangan sangajêngipun Jaarmarkt ing Surabaya wanci dalu.

--- 1276 ---

Pamuji Harja

[Sinom]

Lir binuru ing ayuda / solahira para janmi / wong desa ngungsi ing kutha / wong kutha kèh angoncati / sêdya lunga pribadi / angungsèkkên badanipun / tanapi anak semah / tambuh-tambuh solahnèki / ngalor ngidul ngetan ngulon tan prabeda //

nadyan saka tanah sabrang / têkane ambanyu mili / wit ing kana tan prabeda / binuru ing mungsuh sakti / têmah samya ngoncati / têkane sami kapiluh / angungsi mrana-mrana / kaprêgok mungsuh angungsir / ing wêkasan samya nrima dadi tawan //

wit sajagad wus kawratan / wadyanya mahraja sakti / pêparab Krisis sudibya / kang ngumbar angkara budi / sajagad dèn dhèwèki / ywa ana kuwasa tulung / desa praja kawratan / prajurit kang dibya sêkti / donya iki kabèh dadi kuwasanya //

aywa ana kang mêmadha / miwah kwasa nanggulangi / mila sagung para janma / sudagar tanapi pyayi / para tani prajurit / ing dharat miwah ing laut / tan ana kwasa nglawan / mring krodhèng Sri Krisis sakti / kajabane yèn ana pitulung Suksma //

samargane apan dadya / sirêpe pangamuknèki / lir carita duk ing kuna / jamane sri narapati / Gêndrayana Sang Aji / atêtulung mring sang wiku / Bagawan Danèswara / kang asrama anèng wukir / Nilandusa jajahan nagari Daha //

sarana sirnane ama / kang angrusak sabên wêngi / sakèh tanduran ing sawah / pakarangan miwah têgil / wujude warni-warni / wujud kewan miwah jamur / tan kêna tinanggulang / yèn sinirêp saya dadi / ing wêkasan ana parmaning jawata //

mangkana ing kaelokan / lêlakon ing donya iki / yèn antuk pitulung Suksma / samargane apan dadi / lantarane antuk sih / yêkti saking ing panuwun / kanthi santosa ing tyas / pamêsunya sang ayogi / ing wêkasan antuk pangapurèng dewa //

wêwarah mring Daniswara / kinèn minta pasihaning / Maharaja Gêndrayana / Daniswara anuruti / mêminta mêlas-asih / kalakon sang maha wiku / antuk pitulungira / putra Gêndrayana Aji / kang pêparab sudibya Dyan Narayana //

anglawan sakèhing ama / dilalah têka agampil / bisa sirna tan rêkasa / malah tuk nugraha luwih / panggih Dèwi Pêrtiwi / miwah dewa kang dèn ratu / sakèh ama kang sirna / pra jawata asêsanti / jaya jaya jayaa Dyan Narayana //

mila yèn panujèng karsa / mrih luwar saking prihatin / sami nênuwun mring Suksma / kanthi santosa ing batin / lir ujare wong luwih / sing sapa têmên tinêmu / kanyatan sang bagawan / Daniswara duk prihatin / lir kupiya kang wus kasêbut ing ngarsa //

mangke wus ana antara / kang dadi nugrahèng Widi / tuwuhing môngsa samangkya / lire nugraha kang kèksi / pamulanganing warni / saking budidayanipun / pra kawula sadaya / tanapi pakaryan Jawi / tênun lurik kang wus mèh ilang larinya //

masih akèh yèn dèn ucap / pratôndha sihing Hyang Widi / saking sruning panalôngsa / sarta têmêning pambudi / amila mugi-mugi / lastantun sarta tuwajuh / nênuwun ing Hyang Suksma / lêstantun salami-lami / pintên banggi paring tambah kanugrahan //

Marma, Ngawôngga, K. 4052.

--- 1277 ---

Jagading Wanita

Kamajênganing Èstri Jawi

Sambêtipun Kajawèn nomêr 80.

Ing sarèhning ing pundi-pundi kitha agêng sampun wontên huishoudschool ingkang mawi intêrnat, para lare èstri prayogi kasinaokakên ing pamulangan wau, murih sagêda pikantuk piwulang saha dhêdhasar ingkang sae. Ingkang punika sumôngga sami kagalih kadospundi ingkang mikantuki panuntunipun lare èstri sagêda nêtêpi kudangan kita, inggih punika lare èstri sagêda nêtêpi wajibipun èstri ingkang utami.

[Grafik]

Lare-lare èstri nuju sinau olah-olah.

Mênggahing ancas, sarèhning kula tiyang Jawi, anggèn kula nuntuni lare èstri inggih kula angkah sagêda dados èstri Jawi ingkang sae, inggih punika ingkang sugih kasagêdan, sumêrêp dhatêng kuwajibanipun èstri sarta botên ical pangraos tuwin katrêsnan dhatêng bôngsa Jawi.

Murih sagêda sampun kalajêng anilar dhasaripun kautamèn Jawi, para sêpuh mugi sampun kirang waskitha, manawi lare èstri sampun dumugi pasinaonipun utawi sampun diwasa inggih punika andungkap krama, ingkang sêpuh amêrdi murih sagêda ingkang putra kasumêrêpakên dhatêng wêwalêripun agami, tumrapipun bôngsa Jawi ingkang kathah inggih agami Islam, sarta padintênanipun (sêlanipun padamêlan) dipun tuntuna dening ibunipun anindakakên dhasaring kautamèn wau, inggih punika mêngku balegriya lan sapanunggilanipun ingkang sampun kapratelakakên [kapratelaka...]

--- 1278 ---

[...kên] ing ngajêng, punapa malih bab tatakrama lan sêsrawunganipun sampun ngantos nilar adat Jawi ingkang utami, makatên punika ingkang kula anggêp kamajêngan èstri Jawi.

Wêwalêr agami punika têgêsipun, sarak utawi pranatan agami, agami punika sanadyan agami Kristên, Buda, utawi sanèsipun, wosipun sami kemawon ugêr wontên ingkang sangêt dipun ajrihi, inggih tumrap ing lair tuwin ing batos, kados ta yèn ing agami Islam ajrih ing Gusti Allah.

Gusti Allah punika sajatosipun ing pundi-pundi wontên, tôndha yêktinipun: ora kêna dièmpêr-èmpêr mung kuwasane dumunung ing sarirane pribadi.

Samôngsa lare sampun kadhêdhêran agami, punika ingkang limrah manahipun sagêd sarèh, kadosdene kapal ingkang mawi kêndhali, sanadyan ucula gampil panyêpêngipun. Mênggahing tiyang ingkang sampun mawi agami punika yèn kaladuk andamêl piawon, môngka kèngêtan ing agaminipun, lajêng sagêd mantuni, beda kalihan tiyang ingkang tanpa agami punika botên wontên panyandhêtipun.

Bôngsa Jêpang, punika bôngsa ing Asiah ingkang katingal unggul piyambak tatakraminipun. Jêpang salami-laminipun têtêp tatanipun dipun angge, sêsrawungan kalihan bangsanipun piyambak botên tilar tatakrami Jêpang, langkung-langung ing griya inggih taksih ngangge tatakrami samêsthinipun, dene manawi Jêpang sêsrawungan kalihan bôngsa sanès, inggih ngangge tatakrami International (Europa), dados upami tiyang Jawi sêsrawungan kalihan bangsanipun Jawi ngangge tatakraminipun piyambak punika botên dados awonipun, malah langkung sae.

Sapunika dados pêpèngêt, tumrap para lare èstri (kênya) rèhning sampun cêtha bilih saening kalakuan, wêwatêkan, tuwin sapanunggilanipun wau adhakan dados pilihaning ngakathah, lan saprika-sapriki panataning manungsa taksih têtêp anggèning tansah gadhah panampik tuwin pamilih, inggih punika sadaya sami nampik ingkang kaanggêp awon, milih ingkang kaanggêp sae. Dados inggih sakalangkung prayogi manawi para lare èstri tansah angêngudi supados botên kawastanan mêdal utawi mrojol saking garising nama kautamèn.

Sumadirja. Ind. Arts.

Pawartos saking Redhaksi

Sadherek ing Jombang. Bab nut mênyanyi binarung gêndhing botên kapacak, amargi ing Kajawèn ugi mêntas macak bab kados makatên.

Tuwan Sastra, ing Bat. C. Karangan prayogi kasêrat aksara Jawi, basa krama.

Tuwan Darsa. Karangan panjênêngan punika sampun umum kawrat ing ariwarti.

Lêngganan nomêr 991 ing Jênar. 1. bab pandangu panjênêngan punika, pinanggihipun sampun umum. 2,3. punika wêwadosing redhaksi. 4. Kajawèn punika sanès ariwarti, dados botên ngawontênakên panjurung pakabaran. 5. karangan kakintuna sarana dhokimèn, waragadipun langkung mirah.

Lêngganan nomêr 1527 ing Magêlang. Prayogi mundhuta sêrat pawarsakan Serie No. 1403, rêgi f 0.40 wêdalan Bale Pustaka.

Tuwan Moh. A ing Jombang. Badhe kawêdalakên, ngêntosana samôngsa sampun rampung.

Lêngganan nomêr 355 ing Juwana. 1. lêlangên ing Kajawèn kenging kemawon. 2. sarana dhokimèn. 3. karangan ingkang botên sae. 4. tanpa sêsanggêman punapa-punapa.

Lêngganan nomêr 2481, ing Gombong. Ingkang sampun dipun têrangakên ing bab panganggenipun, nanging sarèhning badhe wontên pranatan ing bab paos sata, salajêngipun botên mangrêtos.

--- 1279 ---

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

Protès nadhe sudanipun blanja.

Kala tanggal 3 October ingkang kapêngkêr punika, jam 6.30 sontên ing gêdhong Kêbon binatang (dierentuin) ing Bêtawi-Centrum sampun pêpak para bala Kurawa nagari prêlu ngatingalakên botên tarimah manahipun tumrap krêsaning nagari anggènipun badhe nyuda blanjanipun. Ingriki kula botên badhe adamêl palapuran punapa ingkang sampun dipun orèhakên dening para gembonging pakêmpalan-pakêmpalan wontên ingriku, awit para maos têmtunipun sampun sami maos wontên ing sadhengah ariwarti, nanging ingriki kula namung badhe adamêl obrolan mênggahing wawasan kula ing prakawis ingkang gêgayutan kalihan wontênipun protès wau.

Inginggil sampun kula cariyosakên, bilih para bala Kurawa nagari pêpak ingkang sami ngêmpal wontên ing kêbon binatang. Saking pêpakipun wau, ngantos ragi mathuk saupami kula cariyosakên cara dhalang makatên: Wauta, wadyabala sampun sami pêpak andhèr dumugi sajawining... kêbon binatang. Bala manungsa tanpa wilangan, prajurit raksasa tuwin raksasi pating prêngongos pating prêngingis, wênèh wontên ingkang sairib setanan sami pêtak acica-cica, lan sapiturutipun.

Lo, sampun kalintu panampi, para maos, sampun têmtu kemawon bilih ing papan ngriku botên wontên buta utawi setananipun ingkang yêktos, ingriki namung badhe nyariyosakên pêpaking para punggawa, inggih punika punggawa bangsa Walandi, Tionghoa, Jawi, Sundha, Mlayu lan sasaminipun. Kajawi punika inggih pêpaking pangkat, dados inggih wontên ingkang pangkatipun mêncit sangêt, ingkang botên nate mêndhaki têtêmbungan: kêndhil mêngkurêb, lan ugi wontên ingkang pangkatipun êndang-êndangan, têgêsipun: êndang mangan, êndang ora. Sadaya wau, dados inggih ingkang gêmbil punapadene ingkang kêmpot... padharanipun, sami saiyêg sarêng-sarêng dhatêng wontên ing kêbon binatang lan wontên ingriku badhe ngatingalakên botên rênaning manahipun, dene blanja sampun kacêngklong laminipun kirang langkung sêtaun, cêngklonganipun wau saupami caranipun sêlang sambut makatên botên lajêng dipun wangsulakên, jêbul kabaripun malah badhe dipun... promotie. Dados ingriku namung badhe sêsarêngan protès anggènipun umum badhe dipun cêngklong blanjanipun. Caranipun anggèning badhe nyêngklong blanja tumrap satunggal-satunggaling golongan, wontên ingriku dèrèng badhe dipun rêmbag, awit miturut kabar-kabar ingkang sampun kaprojol wontên ing sêrat-sêrat kabar, lêrês lan botênipun, punika cara santrinipun: wallahu'alam, kacariyosakên, bilih panyêngklongipun tumrap satunggal lan satunggaling golongan ragi beda-beda, inggih punika tumrap schaal A: 45%, schaal B: 35% lan tumrap schaal C: 20%.

Tumrap para maos ingkang dèrèng patos dhamang, kados prêlu ingriki nyariyosakên sakêdhik mênggah ingkang dipun wastani: schaal A, lan Schaal B lan schaal C wau.

Mênggahing tanah ngriki punika, sanajan kaparentah ing karajan satunggal, nanging para punggawaning nagari kaperang-perang dados tigang golongan, inggih punika golonganipun têtiyang siti, dados golonganipun têtiyang ingkang wiwit canggah warèngipun mila salaminipun wontên ingriki. Ing sarèhne turun-maturun wontên ingriki, dados inggih sampun kulina dhatêng kawontênanipun ingriki, amila satêdha-têdhanipun inggih dipun anggêp sagêd mlêbêt, saênggèn-ênggènipun inggih sagêd: srêg, dalasan wuda blêjêd inggih dipun anggêp: botên barang-barang. Cêkak aos têtiyang siti punika ing samukawisipun dipun anggêp sagêd sarwi mirah, sarwi sasêkecanipun. Amila golonganing têtiyang wau lajêng kula wastani: golongan kaum dharatan. Tiyang inggih sadaya-sadaya sarwi mirah, dados botên pêrlu nênumpuk, inggih numpak dhokar, kreta punapadene motor, nanging cêkap... jalan kaki sêlama-lamanya. Inggih golongan punika ingkang lajêng kagolongakên dhatêng ingkang dipun wastani: schaal A.

Kosokwangsulipun wontên golonganing têtiyang ingkang sadaya-sadayanipun sarwi awis, awit dhatêngipun kanthi ngambah lautan, tuwin aslinipun saking praja-praja ingkang beda kawontênanipun sarta beda adat tatacara sarta panggêsanganipun. Golonganing têtiyang punika kenging kula wastani: golongan kaum lautan. Ing sarèhne bangsa manca wau beda ing sadaya-sadayanipun wau, murih sagêd wilujêng lan sênêng gêsangipun wontên ingriki, inggih kêdah dipun sukani panggêsangan ingkang anyêkapi saèstu, ngantos sagêd nyèlèngi minangka kangge sangunipun manawi mantuk, dhatêng ing pundi-pundi botên prêlu salaminipun ngodhok, nanging sagêd motor-motoran lan sasaminipun. Bangsa têtiyang manca ingkang sakêlangkung awis pangrumatipun wau, lajêng kalêbêtakên ing golongan ingkang kawastanan: schaal C.

Dene golongan ingkang angka tiga, golonganing Walandi pranakan, dipun wastani: schaal B. Nanging mênggahing kula, ing sarèhning golongan punika nama golongan ingkang luwês, awit ngêmpal golongan kaum lautan sagêd, ngêmpal golongan kaum dharatan sagêd, amila lajêng kula wastani: golongan

--- 1280 ---

kaum... kapithing utawi kaum yuyu, sabab gêsang toya kalih. Panggêsanganipun tiyang punika sagêd nyara kaum dharatan, nanging kaplêsiranipun nyara kaum lautan. Amila pêpancènipun kêdah dipun langkungi saking pêpancèning kaum dharatan, nanging inggih kêdah sangandhapipun pêpancèning kaum lautan.

[Grafik]

Nitik andharan inginggil kados sampun cêtha sabab-sababipun dene ing tanah ngriki punggawa nagari kaperang-perang dados 3 golongan, inggih punika: schaal A, B tuwin C, lan ugi sagêd kasumêrêpan bilih pêpancènipun schaal B langkung kathah katimbang schaal A, lan schaal C langkung kathah tinimbang schaal B.

Miturut kabar, kabar, lo, thik namung slênthingan kemawon dados botên kenging dipun tamtokakên nyatanipun, badhe cêngklongan blanja punika pranatanipun tumrap: schaal A badhe kacêngklong 40% schaal B kacêngklong 35% dene C badhe kacêngklong 20%, punika cariyosipun miturut dhêdhasar panggêsanganipun tiyang siti. Bokmanawi pangetangipun makatên, punika kapêndhêt gampilipun.

Saupami tiyang siti, dados schaal A, gadhah blanja f 100.- punika ingkang dados dhêdhasaring panggêsanganipun f 90.- upaminipun, ingkang f 10.- wau minangka èmbèl-èmbèlipun. Tumrap schaal B, ingkang kadamêl miturut dhêdhasaring panggêsanganipun para Walandi pranakan, ingkang dados dhêdhasaring pêpancèn inggih sami kalihan tumrap schaal A, inggih punika f 90.- Nanging èmbèl-èmbèlipun ingkang ragi beda. Awit dhasar kabêtahan tuwin kaplêsiranipun sanès, kados ta: kêdah ngangge kaos, sêpatu, topi lan ugi kêdah nonton: gambar idhup, kumidhi wontên ing schouwburg lan sasaminipun, ingkang sadaya-sadaya wau kêdah ngêdalakên wragad. Amila èmbèl-èmbèlipun pêpancèn inggih kêdah dipun langkungi, upaminipun kemawon namung... tikêl 6, dados f 60.- Dene tumrap schaal C, dhêdhasaring pêpancèn inggih ugi sami kalihan schaal A, inggih punika f 90.- Nanging èmbèl-èmbèlipun sampun têmtu saya anggènipun dipun bedakakên. Awit ing schaal C punika dunungipun para kaum lautan, para ingkang kêdah wangsul dhatêng nagarinipun malih, para ingkang limrahipun botên krêsa sêkul, jangan lodhèh, pelas katul lan sasaminipun, nanging ingkang dipun dhahar namung: roti, kênthang, mêrtega, keju, bêstik lan sapiturutipun, dados barang-barang ingkang sarwa awis sadaya. Ing sarèhning benjingipun kêdah wangsul dhatêng nagarinipun piyambak, inggih lajêng kapêksa kêdah nyèlèngi minangka kangge sangunipun ing benjing. Jalaran saking punika amila arta èmbèl-èmbèlanipun inggih kêdah saya kathah malih, upaminipun kemawon tikêl kalih kalihan schaal B, dados 2 x f 60 = f 120.-

Miturut punika ingkang sampun kacariyosakên inginggil, ingriku kados sampun cêtha mênggah perang-peranganing blanjanipun schaal A, B tuwin C. Dados timbanganipun, manawi punggawa nagari ing schaal A, blanja f 90 + f 10 = f 100.- blanjanipun schaal B f 90 + f 60 = f 150, schaal C. f 90 + f 120 = f 210.

--- 1281 ---

Lan ingriku ingkang dados dhêdhasaring pêpancèn inggih sami kemawon, inggih punika f 90.-

Samangke kados pundi dene lajêng dipun kabarakên, bilih manawi wontên sudan blanjan malih, panyêngklongipun têka dipun etang tumrap schaal A 45%, tumrap schaal B, 35% lan tumrap schaal C 20%. Lo, punika mênggah gagasan kula, nanging inggih gagasan ngayawara, kintên-kintên makatên:

Ing pundi-pundi samangke punika sadaya-sadaya, kajawi bayaran sêkolah, pajêg, sewan listrik, sampun mêdhak sangêt aosipun. Mêdhakipun wau ngantos radin-radin wontên 50% piyambak. Jalaran saking punika lajêng dipun anggêp sampun samêsthinipun bilih pêpancènipun panggêsangan kêdah dipun cêngklong 50%. Dados tumrap schaal A ingkang blanja f 100, utawi pêpancèn f 90 lan èmbèl-èmbèl f 10.- pêpancènipun kapotong 50% kantun f 45. ingkang punika blanjanipun ingkang suwau f 100 lajêng kantun f 45 + èmbèl-èmbèl f 10.- = f 55.- Dados pamotongipun blanja lajêng 45%.

Schaal B ingkang blanja f 150, utawi pêpancèn f 90.- èmbèl-èmbèl f 60.- pêpancènipun kasuda 50%. Blanjanipun kantun f 90.- f 45 + èmbèl-èmbèl f 60.- = f 105, dados pamotongipun namung 35%.

Schaal C ingkang blanja f 210, utawi pêpancèn f 90, èmbèl-èmbèl f 120, pêpancèn kacêngklong 50%. Blanjanipun kantun f 90.- f 45 + èmbèl-èmbèl f 120 = f 165, dados pamotonganipun inggih namung kirang langkung 20%.

Para nupiksa! Mênggah andharan kula sadaya punika sajatosipun namung pawitan kintên-kintên miturut pawartos saking jawi. Dados inggih namung kangge ancêr-ancêr, mila saking panuwun kula mugi cabara samantên kemawon. Wusana kula tansah lajêng amêmuji, mugi-mugi kaparêngipun pamarentah badhe anyuda balanjaning para punggawanipun, ingkang dados bêbau tuwin tumut nyambutdamêl kapêntinganing nagari, botên badhe dipun lêksanani, kados panuwun utawi swaraning protèsipun para punggawa nagari golongan warni-warni wontên ing kêbon binatang nêmbe punika.

Mênggah protès ingkang makatên wau sajatosipun botên amung wontên ingriku kemawon, dalasan ing nagari Walandi piyambak sarêng wontên ungup badhe sudaning balanja, sarta sarêng sampun kamanah dening umum badhe sudan balanja wau têrang sangêt badhe nuwuhakên wohing kawontênan ingkang kirang prayogi, wusana para punggawaning nagari inggih lajêng sarêng-sarêng adamêl protès, ingkang wohipun amarêmakên manah.

Kauningana! gêsangipun para punggawa nagari samangke punika, mênggah umumipun sampun rêkaos, dados pamarentah têmtu anggalih bab punika kanthi kawicaksanan, mokal ta yèn botên angayomana dhatêng punggawanipun, kalêbêt kula pun PÊNTHUL.

--- 1282 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI.

Ing bab calon tatanan enggal. Pranatan ing bab para punggawa nagari sami badhe kapurih damêl sêrat sêsanggêman, punika wontên pawartos susulan, bilih ingkang katêtêpakan nandha tangani namung punggawa ingkang kamanah prêlu.

Dados mênggahing kajêngipun tindak wau namung badhe ngèngingi dhatêng punggawa ingkang sampun wontên ambêt-ambêtipun. Manawi nyata kados makatên, dados inggih kêdah wontên pangganda landhêp. Dene nyata lan botênipun pawartos wau, dèrèng wontên.

[Grafik]

Papan panyadean loterij. Para maos têmtunipun tansah mirêng pawartos ing bab kalanipun kantor Escompto ing Batawi nyade loterij, ingriku kathahipun têtiyang tumbas ngantos suk-sukan, malah ngantos dados pajagèn pulisi. Saya ingkang pinanggih kala nyade loterij "Ziekenverpleging" tanggal 3 wulan punika, wontênipun têtiyang ingkang badhe tumbas saya kathah sangêt. Tandha yêktinipun mriksanana gambar. Dumugining jam 9.15 lot sampun têlas. Sarêng sampun dhawah ing bakul, rêgining lot sampun mindhak dados f 16.- mêksa sami dipun têmpuh.

Samantên pangêsukipun tiyang nêdya sugih wontên ing jaman malèsèt.

Pacêklik. Kawartosakên, ing dhusun Dumas, Bandawasa, têtiyangipun sami kêkirangan têdha, ngantos sami nêdhani dhangkèl rosan ingkang sampun sami garing tur kanthi rêbatan.

Pawartos punika manawi nyata, pancèn damêl panalangsa sayêktos.

Begal ing sacêlakipun Bandung. Wontên pawartos, ing sacêlakipun Bandung kathah begal, nanging namung trimah sawontênipun.

Pawartos kados makatên punika mèh radin pinanggih ing pundi-pundi. Dados mênggahing pamawas, begal ingkang kados makatên punika namung saking tiyang kêkirangan saha saking rêkaos pados têdha. Dados lampahing jagad ingkang nuwuhakên lêlampahan kados makatên punika.

Jor-joran. Sabrangan lèpèn Opak, Ngayogya, ingkang dipun yasani krêtêg dening sawênèhing Walandi, ing sapunika dipun jori ing têtiyang siti ingkang ugi damêl krêtêg wontên ingriku, waragading ngambah krêtêg botên katêtêpakên. Krêtêg yasanipun bangsa Walandi prabeyaning motor langkung lajêng kaandhapakên, nanging mêksa kathah ingkang ngambah krêtêgipun tiyang siti, amargi kajawi langkung mirah, ugi dipun dombani dening pakêmpalan sopir. Golongan tiyang siti lajêng dipun rêmbagi, krêtêg kapurih ngicali, sabên wontên motor langkung, motor satunggal dipun sukani sakêthip. Nanging tiyang siti botên purun.

Samantên dayaning karukunan.

Malik tanêman. Jalaran saking munduring tanêman sata ing Bêsuki, ing sapunika têtiyangipun sami nanêm kobis pêthak. Pêpajênganipun inggih lumayan.

Inggih sareka-rekanipun, tumraping têtanèn, punika sagêd kemawon anggènipun malik pamêdal, waton purun.

Usul bab têmbung "Inlander". Benjing congres P.P.B.B. wontên pamrayogi saking pangrèh agêng, supados ngawontênakên usul dhatêng parentah ngewahi têtêmbungan "Inlander' ingkang kapacak wontên ing undhang-undhang utawi sêrat-sêrat paprentahan, dados "Indonesier".

Ewahing têtêmbungan kados makatên punika pinanggihipun wontên ing jaman sapunika tansah dados rêmbag. Awit sanadyan namung têmbung sawatawis wanda, nanging sami dipun wigatosakên.

Kamirahanipun S.S. Kawartosakên S.S. badhe mitulungi lêlahanan dhatêng para angguran bangsa Walandi, ngangkat saking panggenanipun dhatêng pasadhiyan panggenan ing Bandung tuwin ing Malang, ingkang sampun dipun sadhiyakakên dening A.M.V.J. Ingkang kapetang lêlahanan wau ing bab panumpaking sêpur tuwin pangangkating barang.

Tindak makatên punika damêl kamayaran sawatawis.

Panêmpuhipun malèsèd ing Ngayogya. Pinanggihipun têtiyang ingkang sami gadhah sambutan dhatêng bangsa Tionghoa mendring ing Ngayogya kathah ingkang sakalangkung rêkaos, rumaos sampun botên sagêd nicil malih. Bab punika juru potang lajêng gadhah rekadaya trimah dipun bayar punapa kemawon. Kalampahan sambutan wau wontên ingkang kabayar awarni balok, grabah, malah wontên ingkang kabayar menda, sawênèh lêmbu.

Tindak pambayar ingkang kados makatên punika dados tandha bilih pancèn sampun korang-karèng yêktos.

Nglalu mawi bela anak. Tuwan de N. punggawa kabudidayan sata ing Jêmbêr, satunggiling dintên nalika mantuk saking padamêlan, sadumugining griya sumêrêp bojo tuwin anakipun tiga sami angglethak. Ingkang èstri pinanggih tatu ugêl-ugêlipun, anak-anakipun dipun têdhani bubukan jampi, lare ingkang alit piyambak sampun kêlajêng tiwas. Dene sababipun nyonyah wau mêntas pabên, saha badhe pêgatan, nanging ugi kawartosan nyonyah wau nate sakit èngêtan.

Mênggah wos-wosipun kintên-kintên jalaran anggènipun badhe pêpisahan punika. Dados manawi makatên tindak badhe pêpisahan punika inggih botên kenging grusa-grusu. [grusa-...]

--- 1283 ---

[...grusu.]

Wara-waranipun Ki Ajar Dewantara. Wontên pawartos, Ki Ajar Dewantara marak-marakakên dhatêng paguron T.S. sampun pisan-pisan masang gambaripun Ki Ajar Dewantara wontên ing pundi kemawon, amargi Ki Ajar botên rêna manawi wontên raos amêmundhi.

Kaparêngipun Ki Ajar Dewantara ingkang makatên punika têmtunipun sampun kawawas kanthi jêmbaring panggalih.

Sêpur kilat badhe dipun kilatakên malih. Wontên pawartos, wiwit benjing wulan Mèi 1933, sêpur kilat badhe dipun angkah dumugining Surabaya jam sêtêngah pitu, sarana nyuda botên ngèndêli Cikampèk tuwin nyuda danguning kèndêlipun wontên Kroya.

Ewahing lampah punika têmtunipun tumraping têtiyang limrah botên andadosakên kabêtahan, awit bêtahipun namung pados sudaning waragad. Nanging tumraping para dagang tuwin para lampah kasêsa têmtu agêng sangêt pigunanipun.

Pulisi militèr. Kawartosakên, wiwit benjing wulan Mèi 1933 parentah badhe nindakakên damêl pulisi militèr marsose. Tumrap Jawi Kilèn, ing Bêtawi badhe dipun sukani sakumpêni, Serang (Bantên) sakumpêni. Tumrap Jawi Wetan, Surabaya sakumpêni, Bandawasa sakumpêni. Ing sapunika para opsir tuwin para onder opsiripun sawêg sami sinau wontên ing pamulangan pulisi ing Sukabumi.

Mênggahing pangintên tatanan pajagèn enggal punika têmtu saya santosa.

Pananggulang lintah dharat ing Bandung. Pakêmpalan pananggulang lintah dharat (anti woeker) ing Bandung, mêntas mitulungi sudagar tiyang siti ingkang kadakwa nyambut arta f 10.000.-dhatêng bangsa Tionghoa, barang-barangipun sampun badhe dipun bêskup dening deurwaarder. Sarêng prakawis wau katindakakên papriksanipun, jêbul dakwan botên nyata. Pakêmpalan gêntos anggigat, bangsa Tionghoa tuwin deurwaarder sami kokum.

Manawi wontên lêlampahan kados makatên punika, sagêd adamêl anglêsing manah. Kintên-kintên prakawis ingkang kados makatên punika kathah, nanging angèl sumêrêpipun, awit limrahipun tiyang nyambut punika dipun lampahi kalayan sukêt godhong aja nganti krungu.

Papriksan sêsakit malaria. Pakaryan kasarasan panitinipun sêsakit malaria ing Cianjur pinanggih nyata, kathah lare ingkang tiwas. Tiyang ing kampung sami dipun dumi tablèt.

Mangsa punika manawi nuju botên sae, sawarnining sabab ingkang damêl botên sakeca, tansah pating jrêdhul dhatêng. Mugi sami pinaringana kuwawi.

Rêrêgèn gaplèk mandhap sangêt. Ing tanah Nanggulan, Ngayogya, panènipun pohung kêmêdalan, nanging sarêng kadamêl gaplèk, sapikul namung pajêng f 0.15.

Para maos sagêd manggalih piyambak, rêrêgèn kados makatên punika punapa botên ngrêkaosakên golongan tani. Dados caraning pêpetangan mirahing têdha punika dèrèng têmtu damêl sakecanipun ingkang sade.

Pès ing Garut. Pangamukipun sêsakit pès ing Garut saya katingal majêng. Wontênipun tiyang ingkang tiwas 40, ingkang taksih sakit 115. Dhusun ingkang katênggêl ing Panawuan. Ingkang wajib nindakakên pajagèn kêncêng, ngawisi tiyang ngambah dhusun ngriku, makatên ugi manawi wontên tiyang asli saking dhusun wau dhatêng ing panggenan sanès, botên angsal.

Rêrigên pananggulang pès pinuji mugi angsala pambiyantu saking têtiyang ingriku. awit tumindakipun kêdah sêsarêngan.

Kabêsmèn ing rêdi Ijèn. Nyambêti pawartos bab kabêsmèn ing rêdi Ijèn, prajurit marsose saking Bandawasa kapatah anjagi kawah rêdi Ijèn. Urubing latu saya agêng, katêmpuh ing angin kados dipun damu, lampahipun narajang wana alang-alang tuwin wit cêmara, latu tansah lajêng kemawon, lajêng nglanjak rêdi Mêrapi, ingkang ingriku wontên kabudidayanipun kopi. Miturut pawartos wêkasan, sapunika sampun sirêp.

Pangamuking latu punika têka sairib kados pasêmon kanêpsoning tiyang manawi nuju mubal.

ASIA.

Pamrayoginipun parentah Inggris dhatêng Sang Gandhi. Nalika Sang Gandhi nglampahi siyam, parentah Inggris suka palilah dhatêng wêwakil bangsa Hindu ingkang sami badhe rêrêmbagan kalihan Sang Gandhi. Ing sapunika manawi Sang Gandhi badhe rêrêmbagan ingkang gêgayutan kalihan parentah, ugi kaparêngakên nampèni panuntun-panuntun congres tuwin tiyang sanès-sanèsipun.

Kintên-kintên badhe campuh sakalangkung rame. Ing laladan Mansyurie lèr sêsulakipun kêtingal pêtêng. Golongan Tionghoa ngêbroki statsiun agêng-agêng sisih lèr. Wadya Jêpan bêbantu dipun santosani. Wadyanipun Chang Hsuoh Liang cacah 150.000 wiwit ngangsêg. Wadya ingkang dipun tindhihi Jendral Su Peng Wen sampun sagêd ngêbroki Manchuli tuwin sagêd ngrêbat Hailar, Dalainor tuwin Puhattu. Wadya Mansyukuo ing laladan punika lajêng tumut golongan Tionghoa, dêdamêlipun dipun bêskup, bênderanipun dipun uwèk-uwèk. Ing bab punika andadosakên kawigatosanipun Rusland. Wadya bêbantu Jêpan sampun bidhal saking Tsitsihar.

EROPA.

[Grafik]

Kasangsaran mêsin mabur. Tuwan Michelin Jr. anakipun tuwan ingkang gadhah pabrik band auto, ingkang misuwur ing pundi-pundi, dhawah saking mêsin mabur wontên ing Clermont, Prancis, tiwas sanalika. Gambaring mêsin mabur ingkang katiwasan kados inginggil. Dèrèng dangu inggih mêntas wontên kasangsaran masinmêsin. mabur ingkang dipun tumpaki Tuwan Bata. Dados kasangsaran mêsin mabur ingkang anggayut namanipun tiyang dagang ingkang misuwur, sampun kalih punika.

--- 1284 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

48.

Mêngah kêncênging manah, Nyonyah Dhorah nêdya badhe nyambut damêl tumuntên, awit niyat badhe gêsang piyambak.

Sasampunipun tigang dintên, Nyonyah Dhorah angsal padamêlan wontên ing kantor bang. Nanging sawêg sadintên kemawon sampun wontên nonah tunggil sapadamêlan ingkang linggihipun cakêt, lajêng nyapa ingkang raos mêlèhakên, ungêlipun: Nyonyah, sintên ingkang ngintên manawi kula kalihan sampeyan sagêd nunggil sapadamêlan.

Nyonyah Dhorah mangsuli: Sampeyan punika sintên.

Tamtu kemawon nyonyah dèrèng wanuh kalihan kula. Kula punika asring mara tamu dhatêng griyanipun nyonyah tôngga sampeyan abên pagêr, ing gang Kêtapang. Nanging katingalipun sampeyan kalihan nyonyah wau botên wanuh-wanuhan.

Sanalika Nyonyah Dhorah mirêng raosan anggêpok tilas tangganipun wau, manahipun karaos kumêpyur, èngêt manawi punika mêngsahipun, raos ingkang kados makatên punika anjalari Nyonyah Dhorah lajêng botên karaos nyambut damêl wontên ngriku.

Nonah wau wicantên malih: Nyonyah tôngga sampeyan wau sakalangkung wêlas dhatêng sampeyan, awit sintên kemawon ingkang dipun dhatêngi Nyai Kucing tamtu karisakan.

Ing ngriku Nyonyah Dhorah saya karaos ing manah, punapa ta prêlunipun dene nonah wau raosan ingkang kados makatên. Manawi mirid pasêmon, nonah wau sajak abela prihatos, nanging ugi katingal wontên raosipun mêmiringi, ingkang atêgês nêmênakên Nyonyah Dhorah kenging paekanipun Nyai Kucing sayêktos. Nanging lajêng dipun panjangakên, manawi bojo piyambak sampun gadhah pandakwa kados makatên, tôngga ingkang sampun pangawak mêngsah malih botêna saya nêtêpakên pandakwanipun.

Sarêng Nyonyah Dhorah kêpêntog rêmbag kados makatên punika, manahipun saya bêntèr sangêt dhatêng ingkang jalêr, awit lajêng cêtha sangêt bilih ingkang jalêr punika botên titi, pinanggihipun lajêng botên rumêksa dhatêng ajinipun tiyang èstri, dados tuwuhing pandakwanipun tiyang kathah namung ngêbyuk saking kadayan pandamêlipun ingkang jalêr.

Lambenipun Nyonyah Dhorah lajêng andharêdhêg, badhe mangsuli ungêlipun nonah wau. Nanging lajêng badhe cariyos kadospundi, awit wicantênipun nonah wau botên ngêblak, lan malih rêrêmbagan kalihan tiyang ingkang nêmbe wanuh, ing bab ingkang kados makatên, tamtu pakèwêd sangêt, sasat piyambakipun anjarag ngawon-awon badanipun piyambak. Wusana Nyonyah Dhorah namung tumungkul kemawon kalihan nyambut damêl.

Sarêng sampun angsal tigang dintên, pasrawunganipun Nyonyah Dhorah kalihan nonah wau saya araos kakên. Punapa solahipun nonah wau katingal ngrèmèhakên, nanging dipun sasabi sajak bela prihatos, ingkang katingal dipun damêl-damêl.

Kawan dintênipun, Nyonyah Dhorah dipun undang pangagêngipun, ulating pangagêng wau katingal pêtêng, Nyonyah Dhorah lajêng kapurih linggih, wusana tuwan pangagêng wicantên: Nyonyah, kula rumaos rêkaos sangêt badhe nglairakên ginêm kula punika, nanging sarèhning kêpêksa, inggih kadospundi malih kêdah kula lairakên. Kathah sangêt rêraosan ing bab sarira sampeyan, ingkang suraosipun awon. Bab punika kula botên badhe maèlu, awit kula nate dados tiyang anèm, nanging sarèhning kula punika dados warganing bang, ingkang dados wêwakiling punggawa sadaya, sarêng mirêng pawartos kados makatên punika adamêl botên sakecaning manah kula, lan malih sarèhning pamanahaning ngakathah punika warni-warni, kula kapêksa andhawahakên panimbang. Cêkakipun, manawi pawartos punika nyata, kula botên sagêd nyukani padamêlan dhatêng sampeyan wontên ing ngriki. Nanging manawi pawartos wau dora, mangsulana.

Nalika Nyonyah Dhorah tampi pitakenan kados makatên wau, rumaos kados pêjah sanalika, lajêng anjêgrêg tanpa ngucap, namung luhipun carocosan. Nanging tandhaning kasusahan ingkang kados makatên wau sakêdhap kemawon ical, lajêng anjrêbabak katingal kados tiyang nêpsu. Muntabing manah, botên liya jalaran saking tampi pitakenan ingkang kados makatên wau, lan malih piyambakipun mangrêtos, bilih tuwuhing pawartos punika tamtu saking nyonyah tangganipun. Môngka pancènipun, pitakenan ingkang nisthanipun kados makatên punika botên pantês sangêt ngantos dipun pitakèkakên ing tiyang sanès. Mila isinipun Nyonyah Dhorah kala samantên inggih botên kadosa.

Sasampunipun katog anggènipun ngraosakên, Nyonyah Dhorah lajêng andêngèngèk kalihan ngusapi luhipun tuwin wicantên: Tuwan, sayêktosipun kula botên badhe mangsuli dhatêng pitakenan nistha tuwin awon ingkang kados makatên punika dhatêng sintêna kemawon, kajawi manawi dipun dangu wontên ngarsaning pangadilan. Nanging kula cêkap mangsuli cêkakan dhatêng panjênêngan: Kula botên anglampahi kados makatên. Sanèsipun punika kula botên sagêd ngaturakên punapa-punapa malih, dene panjênêngan pitados utawi botên, kula namung sumôngga. Saha salajêngipun, kula badhe nyuwun mêdal saking ngriki. Kalilana. Satêlasing wicantênipun, Nyonyah Dhorah lajêng ngadêg kalihan suka tabik. (Badhe kasambêtan)

--- 157 ---

Nomêr 40, taun III

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu

Cangkriman

E, para mitra-mitraku, sarèhne wis rada suwe ing Taman Bocah kene ora tau ngêmot cangkriman, mulane aku arêp urun cangkriman, idhêp-idhêp kanggo ngulir budi. Nanging sarèhning lagi nêmbe iki aku milu lêlumban ing Taman Bocah kene, mula yèn ana saru sikuning têmbungku iya aja kurang ing pangapura.

Sadurunge aku ngandhakake cangkrimanku ayo padha nêpungake dhisik, aku Subarja, ing Têgalgônda (Dêlanggu). Dene cangkrimanku mangkene:

1. Jênênging perangane omah, kadadeyan saka rong wanda. Yèn wanda kang ngarêp mau sigêg wanda kang buri muni jênênging perangane sandhanganmu. Yèn pamacane diwalik dadi jênênging môngsa. Apa jênênge perangan omah mau.

2. Ana uwong desa gawene golèk kayu mênyang alas. Anuju sawijining dina wong mau mlêbu mênyang alas, arêp golèk kayu, yèn wong mau nyêdhaki sawijining uwit, uwong lan uwit dadi jênênge kutha ing tanah Jawa Wetan. Dadi uwonge mau jênêng sapa. Lan uwit mau uwit apa.

3. Ana jênênging wowohan kadadeyan saka têlung wanda. Yèn wanda kang têngah dibalèni dadi jênênging piranti kanggo olah-olah. Yèn dibalelanidibalèni. sawanda kang buri dhewe, dadi têmbung Mlayu, kang jawane omahing kewan. Apa jênênging wowohan mau.

4. Perangane awak uwong yèn ditulis nganggo aksara latin, ana nêm aksara. Yèn dibalèni sak aksara kang buri dhewe, dadi araning kewan, kang ing tanah Jawa kene ora ana. Yèn diwuwuhi aksara B kang ngarêp dhewe dadi têmbung atêgês ora ana têrusane. Apa jênênge peranganing awak uwong mau.

Wis samono bae dhisik, besuk bae manèh.

Mitramu. Subarja, Têgalgônda. p/a K. 2880.

Suk Sêtu macak batangane. S.

--- 158 ---

Bocah Bisa Anggambar

Iki dongengan panunggalane dhêdhasar bocah. Ing sadurunge aku arêp ngandhakake lêlakon ing Amsêtêrdham, nagara Walônda, nontona gambar. Mungguh gambar kuwi, gambaring bocah-bocah kang padha olèh ganjaran, saka anggone bisa milih ulês, kang pigunane bakal kanggo tôndha kang cêtha ditonton ing akèh, pakolèhe bakal ngêdohake kasangsaran.

[Grafik]

Ing saiki bocah-bocah mêsthine wis padha mangrêti, bocah kang bisa milih ulês kaya mangkono mau, kajaba kulina, iya jalaran saka duwe dhêdhasar. Lan mungguh mripating bocah, trakadhang landhêping pangrasane ngungkuli wong tuwa.

Mêngko gênti aku arêp andongèngake lêlakone bocah kang duwe dhêdhasar anggambar, nanging wong tuwane ora ngrêti.

Ing Jawa Têngah jamane sèkêt taunan, ana bocah desa urip tangane, bisa anggambar pêpêthan apa-apa, sanadyan durung plêk, nanging ana titike bocah mau duwe dhêdhasar anggambar, eman, dene ora ana kang mangrêti.

Tumrap wong tuwane dhewe, bisane mung ngêlêm, anake pintêr anggambar, apa sing digambar mèmpêr. Yèn anggambar gunung, iya nganggo kukus barang, yèn anggambar uwong, ganêp.

Sawiji dina, ana kontrolir papriksa bumi. Ing kono tuwan kontrolir mau ngandika: Bumi kene iki prêlu digambar. Apa ing kene ora ana kang bisa anggambar.

Wong ya dhèk jaman samana, isih akèh wong kang durung mangrêti, dadi mung mênêng bae. Suwe-suwe ana wong kêdhêkas-kêdhêkês arêp matur, ya kuwi bapakne bocah kang bisa anggambar, barêng didangu tuwan kontrolir, wong mau matur: Nun, anak kula sagêd anggambar.

Tuwan kontrolir bungah, banjur dhawuh arêp nguningani gambarane. Wong mau banjur enggal-enggal mulih, ora suwe bali, anggawa gambar sagêbung, ana siji kang diaturake tuwan kontrolir.

Barêng tuwan kontrolir mriksani banjur dhawuh: Iki gambar apa.

Ature: Nun, punika gambar Andhe-andhe Lumut nalika dipun inggah-inggahi para klêting.

Tuwan kontrolir mèsêm, ngrêtos yèn wong mau kliru surup, dhawuhe: O, kang tak karêpake anggambar bumi.

Wong mau enggal-enggal ngaturake gambar liyane, [liya...]

--- 159 ---

[...ne,] karo matur: Anggambar bumi inggih sagêd, punika gambaripun rêdi Marapi, kukusipun kêlun-kêlun.

Tuwan kontrolir saya mangrêtos yèn wong mau durung mangrêti, nanging salin kagungan panggalih, yèn bocah mau pancèn duwe dhêdhasar anggambar. Bocah banjur dipundhut, disinaokake anggambar. Nganti dadi wong kang bisa anggambar têmênan.

Dadi mungguh wose, dhêdhasar iku pakolèh bangêt yèn bisa olèh wulangan kang nocogi.

Pèngêt Dhatêng Tiyang Sêpuh Supados Manah Sayêktos dhatêng Anakipun

Gambuh

Buronwangi rum-arum / rinumpaka angambar sumawur / kuwur bawur berawèng tyas sung pêpeling / linud mardawaning têmbung / têmbang gambuh murwèng batos //

beraging tyas winuwus / karya pemut sanggyaning tumuwuh / wrêdha mudha aywa badhar ngêmudhèni / wêdharing bôndha sawêgung / gadhuhaning Sang Hyang Manon //

sayêkti ing tumuwuh / tuwas tiwas katriwal katawur / katiwasan wong tuwa kang tan marduli / marang suta wayahipun / mung angganta kang binatos //

têkaning don kalantur / sutanira datan bangkit tumut / anartani mukti mulyaning dumadi / marma yogya pinaèlu / emuta jaman samêngko //

wong mudha bodho blilu / lamun lumuh anggilut ing kawruh / tanpa karya lir puspita jro wanadri / nadyan adi gônda arum / tan paedah lamun katon //

yèn wong tuwa amêsu / sutanira èstri lawan jalu / sruwa-sruwi uwis ana ingkang luwih / bisa asung urun-urun / nyumbang wragad pasinaon //

mring rinira kang kantun / isih ngungsêt amêmasuh kalbu / ing sajroning pawiyatan ngasah budi / têmah mayar dadinipun / paedahe gotong royom.§ mangkono iku mathuk / sanadyan wong tuwa sing kêthuthuk / nanging bocah mêsthine katut mangrêti / gulo uwong tuwa iku / aboting sanggan samono // yèn tangan liya mrucut / mung wong tuwa kang katiban luput / diarani wong tuwa ora mêmikir / saka mung pijêr kêtungkul / nguja sênêng nganti katog // saiki kowe wêruh / mula aku wajib aruh-aruh / bocah bêcik sing padha pangawak ngrêti / ing saiki wong tuwamu / ambêgane krênggos-krênggos // saka gone amburu / mikir anak aja nganti saru / maragadi kanthi rêkasaning pikir / wis ta pêngên sinaumu / aja padha nganti kêndho //.

Pak Sêbul.

Tejasusastra, Gawok N.I.S.

--- 160 ---

Rukun Olèh Gawe

III. Êndhog Wukan Ngêndhêg Laku

Lakuning kretan gêmlidhig tanpa sabab, apa-apa sing kêpêthuk padha nyimpang. Jago sênêng bangêt, sadalan-dalan tansah kluruk, agawe gograging kretan, nganti sok disaru. Nanging jago ora praduli, anggêpe kaya kapitan nunggang kreta ngubêngi loji, lali yèn dhèwèke iku lagi dadi gawene si kretan.

Ora suwe lakune kretan mandhêg. Jago nakoni: Ana apa, sèh, kathik mandhêg.

Kretan mangsuli: Iki sapa malang-malang ana dalan, apa dikira aku wêdi sudukane. Êlo jêbul êndhog. E, nyingkira êndhog, kowe iku êndhok apa, aja nyêgati lakuku. Yèn tak plindhês sida rêmuk.

Êndhog mangsuli: Aku iki êndhok pitik wukan. Aku dibuwang saka patarangan, ana kene. Barêng aku wêruh kowe liwat, pancèn nêdya milu nunggang kowe. Kowe arêp mênyang ngêndi, ta.

Jago mangsuli santak: Mênêng. Apa kowe ora ngrêti, aku arêp anggolèki nyaiku, digondhol luwak. Kowe arêp milu ora ana gawene. Kana nyingkir, arêp tak anggo liwat.

Êndhog: Bok sing sabar ta, pakdhe. Yèn ngono rak malah kêbênêran, aku arêp milu anggolèki bok gêdhe.

Jago: Rupamu, kowe arêp milu anggolèki kuwi carane kapriye. Yèn ta awakmu bêcika, kêna digodhog, diênggo sarapan, marêgi. Balik êndhog wukan arêp digawe apa.

Êndhog: Kowe aja nampik kasêtyanku, pakdhe. Sapa sing wêruh yèn ing buri awakku ana gawene.

Jago: Gawemu apa, sapa bae mêsthine ngrêti, yèn bangsaning êndhog kang kaya kowe kuwi patute iya mung dibuwang. Bêgja-bêgjane yèn kalèru gawene diunèn-unèni uwong.

Êndhog: Êlo, diunèn-unèni kapriye, ta.

Jago: Kae nèh, yèn ana wong arêp nyêplok êndhog, môngka barêng dipêcah, êndhoge wukan, wah, unine wong mau mêsthi èlèk.

Êndhog: Nanging bêcik pikirên sing dawa, ta.

Jago: Kapriye kretan, thole êndhog mêmpêng anggone arêp milu.

Kretan: Yèn kirane ana gawene, êjakên, ta. Nanging kon ngati-ati.

Jago: Iya wis, kene munggaha, le. Aja nganti pêcah, mundhak ngambon-amboni.

Êndhog banjur munggah karo muni: bisêmillah, pangglindhinge mênyang kretan ngati-ati bangêt. Sawise têkan dhuwur, banjur dipapanake ana sacêdhaking sikil jago.

Jago muni: Wis, aja cêdhak-cêdhak aku, mundhak kêpidak, rada kono bae. Wis ayo kretan mangkat, kuk, kuk, kluruk.

Kretan ambacutake lakune.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 82, 11 Jumadilakir Dal 1863, 12 Oktobêr 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1285] ---

Ôngka 82, 11 Jumadilakir Dal 1863, 12 Oktobêr 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Toya Grojogan - Susuh Sandawa dalah Cêcariyosanipun - Sampun Tilar Kaprayitnan - Tiyang Jêpitu Manawi Gadhah Damêl - Pucung Lagu Kêthoprak - Adpêrtènsi - Wedang Srêbat tuwin Roti Tape - Bab Kawontênanipun Konggrès P.P.B.B. - Kabar Warni-warni - Wêwaosan.

Toya Grojogan

[Grafik]

Sawangan toya grojogan ing Mandirade, ingkang kintên-kintên 4 km. têbihipun saking Sumênêp, Madura.

--- 1286 ---

Cariyos Kina

Susuh Sandawa dalah Cêcariyosanipun

Ingkang dipun wastani pêksi sandawa punika bangsaning sriti, sawênèh dipun wastani pêksi lawèt, limrahipun manggèn wontên ing papan sêpên ingkang cakêt kalihan sagantên.

Kintên-kintên sataun sapriki, redhaktur Kajawèn nate sowan ingkang bupati ing Karanganyar, dipun pangandikani bilih badhe kaparingan karangan ing bab dêdongenganipun pêksi lawèt, saha sampun kaparingan gambaripun. Nanging ngantos sapriki karangan wau dèrèng kaparingakên. Kalêrêsan redhaksi Kajawèn lajêng angsal cêcariyosan ing bab pêksi lawèt wau. Katranganipun kados ing ngandhap punika:

[Grafik]

Pasareanipun Malik Ibrahim. Sacêlaking ngriku kathah susuhipun pêksi lawèt.

Mênggah pêksi sandawa utawi lawèt punika ingkang dipun pigunakakên susuhipun. Saking cêcariyosanipun tiyang ingkang mangrêtos, susuh wau pigunanipun kangge jampi kiyat, malah wontên ingkang cariyos, manawi tiyang ingkang taksih anèm botên kenging nêdha, awit pancèn inggih namung kangge jampinipun tiyang sêpuh. Dene ingkang nindakakên ngangge jampi punika bôngsa Tionghwa, mila ingkang andagang wau inggih bôngsa Tionghwa. Tumrapipun bôngsa Jawi panganggenipun namung tiru-tiru kemawon.

Ingkang sampun kasumêrêpan, susuh sandawa punika kangge abên-abênan bumbu ciu. Manawi tumrap bôngsa Jawi panganggenipun jampi sarana dipun êmor ing sêkul êtim, wontên ingkang dipun mor sop, tuwin sanès-sanèsipun. Dene mênggah raosipun botên wontên, lan mênggahing daya, sarèhning bôngsa Jawi botên sapintêna anggènipun migunakakên, dados botên sagêd mratelakakên cêtha. Nanging saupami botên gadhah daya utawi botên wontên damêlipun yêktos, mokal, awit susuh sandawa wau awis rêginipun lan dados padagangan yêktos.

Ing nginggil sampun kacariyosakên manawi pêksi sandawa utawi lawèt wau manggènipun wontên ing papan sêpên sacêlaking sagantên. Dene ingkang sampun pinanggih umum, manawi tumrap pasisir lèr, pamanggènipun wontên ing nagari Grêsik. Manawi pasisir Kidul, wontên ing Karangbolong, bawah Babupatèn Karanganyar.

Ingkang pinanggih wontên ing nagari Grêsik, pêksi wau rêmênipun manggèn wontên ing griya suwung, lan [la...]

--- 1287 ---

[...n] sarèhning têtiyang ing Grêsik punika mangrêtos dhatêng bab padagangan susuh sandawa wau, mila lajêng sami nyadhiyani panggenan. Anggènipun nyadhiyani, limrahipun têtiyang ing ngriku griyanipun mawi lotèng. Lotèng wau lajêng dipun tutup ngantos katingal pêtêng, namung dipun dèkèki complong-complongan kangge margi pêksi, awit panggenan ingkang kados makatên punika ingkang dipun kraosi.

Nanging ragi wontên anèhipun, pêksi wau inggih dèrèng tamtu purun manggèn jênak. Mênggah saking gugon-tuhoning tiyang, pêksi makatên punika purunipun manggèn kanthi gêgayutan kalihan kabêgjanipun tiyang ingkang gadhah griya. Tandhanipun wontên. Ing Grêsik wontên tiyang ingkang misuwur agêng kabêgjanipun, griyanipun ajêg tansah dipun ênggèni ing pêksi lawèt. Malah sabên damêl griya inggih lajêng dipun ênggèni ing pêksi. Saya anèhipun malih, griya wau samôngsa dipun ênggèni ing tiyang sanès, pêksinipun lajêng pindhah saking ngriku. Bab makatên punika têtela namung saking gugon-tuhon, nanging tiyang sami pitados. Dene lajênging pangandêl, pêksi wau dipun wastani sanès sabaènipun, dipun anggêp kadosdene lêlêmbat, mila inggih botên sêpên ngawontênakên bangsaning wilujêngan.

Saking kathahipun tiyang ingkang gadhah papan padununganing pêksi wau, tumrap tiyang ingkang botên mangrêtos, tamtu mastani bilih ing ngriku punika kathah griya suwung, nanging nyatanipun griya-griya ingkang sami suwung wau malah isi bôndha agêng.

Têtiyang ingkang sami gadhah griya kados makatên punika trêkadhang samanggènipunpamanggènipun. têbih saking ngriku, griya ingkang dados kandhanging pêksi lawèt namung dipun ulat-latakên kemawon.

Mênggah pangundhuhipun susuh, sataun sapisan, nangguh wancinipun pêksi sami nigan. Wontênipun dipun tangguh makatên, awit pêksi ingkang nêmbe nigan punika susuhipun taksih enggal, dados pangundhuhipun wau nalika susuhipun taksih tigan enggal, mila pinanggih susuhipun taksih pêthak lan rêsik, punika dipun wastani susuh ingkang nomêr satunggal. Nanging mênggah sanyatanipun, tindak kados makatên punika nama nyiksa sato kewan, inggih atêgês mêjahi wiji.

[Grafik]

Wujuding susuh lawèt ingkang sampun kaklêmpakakên.

Kawontênan inghangingkang. kados makatên punika dangu-dangu kauningan dening ingkang wajib, lajêng nindakakên awisan, tiyang kengingipun ngundhuh susuh lawèt namung môngsa sabibaring pêksi ingkang nêtês sampun sagêd mabur, dados susuh wau sampun suwung. Badhe kasambêtan.

--- 1288 ---

Pawartos Wigatos

Sampun Tilar Kaprayitnan.

Para maos têmtunipun sampun mirêng utawi maos sêrat kabar padintênan, lan ugi ing Kêjawèn taun 1932 nomêr 17 ing kaca 270 anyêbutakên kawontênanipun sawênèhing jêmaah haji ingkang kataman ing apus bab anggèning nguculakên arta panumbasing tikêt-tikêt kapal ing wusananipun sadumugining margi nêmbe kadêngangan bêblithuk wau.

Sumôngga kagaliha. Kawontênan makatên wau, jêmaah taksih wontên ing tanah ngriki, kenging kasêbut wontên ing tanah wutah rahipun piyambak, dados ugi taksih cakêt kalihan sanak kadangipun piyambak, ewasamantên badalsèh sampun sagêd anandukakên pambujuk.

Gèk kadospundi, sasampuning dumugi ing Ejas, bilih sampun têbih lèr, têbih kidul, têbih sanak kadangipun tuwin botên gadhah pitêpangan. Têtêmbunganing pribumi ngrika kemawon kintên-kintên awis ingkang mirêng, punapa malih dhatêng tumanjaning pambujuk-pambujuk ingkang sakalangkung alus, lêmês lêmbat-lêmbat wau, kadugi botên mudhêngipun.

Para maos têmtunipun ugi botên badhe kêkilapan kawontênanipun ing Mêkah, watawis kalih taunan kapêngkêr, nalika tikêtipun jêmaah-jêmaah, kadugi ugi botên sanès namung saking alusing ginêm apus-apus lajêng katitipakên ing satunggiling badalsèh. Pungkasanipun têtiyang wau sami kapiran piyambak, jalaran sarêng katêdha wangsul ing wancining baita-baita sampun dhatêng ing palabuhan Jedah, jêbul tikêt-tikêt wau sampun kasade.

Sanajana sanalika punika ugi kawontênan wau kalapurakên dhatêng ingkang kuwajiban, sarta sanajana ingkang kadunungan lêpat sampun kaukum sapantêsipun, ananging kadospundi mêmêlasipun jêmaah-jêmaah ing wêkdal punika, para maos sagêd andugi piyambak.

Kadêrêng saking kawontênan-kawontênan kasêbut ing nginggil, kamanah kados botên lêpat bilih ing kajawèn ngriki badhe ngêwrat sawatawis bab ingkang gêgayutan kalayan panas pêrihipun sawênèhing jêmaah, ingkang sami kataman ing apus-apus, pamrihipun sagêda amêwahana awas lan prayitna dhatêng sadhengaha, ingkang kaconggah sajarah dhatêng tanah suci wau.

Anggaliha, bilih ing pundia panggenan kemawon ing wêkdalipun punika sakalangkung rumpilipun, dados prayogi sangêt bilih sampun gampil-gampil uculing barang darbèkipun sadèrènging pramana sayêktos dhatêng dunung tuwin tumanjaning arta dalah melikipun. Amargi kabêkta saking rumpil lan ugi kabêkta saking sudaning pamêdal tuwin pangasilan, satêmah lajêng anjêdhulakên tindak utawi ihtiyar kathah lan neka-neka, ingkang kadhang-kadhang mahanani dhatêng kapitunaning liyan.

Pramila karangan punika mugi kaanggêpa kados pitêdah tuwin sêsêrêpan, botên sanès kajêngipun namung anjagi, supados jêmaah bôngsa kula sampun kêsangêtên anggèning gita-gita pitados [pita...]

--- 1289 ---

[...dos] dhatêng sawênèhing rêmbag, ingkang kadhang-kadhang wohipun amung adamêl kauntunganipun ingkang suka pitêdah.

Murih gampilipun sarta sampun wongsal-wangsul ngangge têmbung: tiyang tanah ngriki, pramila cêkapa kasêbut ngangge tiyang Jawi. dados bilih ing karangan ngriki wontên têmbung: tiyang Jawi, kajêngipun botên ngêmungakên pribumi Jawi Têngah kemawon, ananging mêngku têgês : sadaya jêmaah asli saking tanah ngriki.

[Grafik]

Jêmaah-jêmaah kaji nuju wontên ing palabuhan Jedah.

Sapunika kula wiwiti saking malêbêtipun ing palabuhan Jedah rumiyin.

Sawêg kemawon dumugi ing dharatan sampun wontên tiyang ingkang anêdhani arta kathahipun satêngah rupiah utawi tigang tangsul, mawi matrapakên solah tanduk lan suwantên kadosdene sampun mêsthinipun. Sanjangipun: kangge bea malêbêtipun ing kitha. Ananging bilih ing wêkdal punika ing ngriku wontên salah satunggiling pangagênging palabuhan, utawi malih bilih ingkang dhatêng wau tiyang Indhi, Mêsri, Mahgrabi, saha sanès-sanèsipun jêmaah, patrap anêdhani bea wau, têka botên wontên.

Kajawi punika wontên ing ngriku kathah sangêt pribumi ingkang sami ngêmis. Wondene patrapipun babar pisan botên miripi kados ing tanah Jawi, dados angangge ngathung tuwin mêlasasih, ananging anjawil-jawil, trêkadhang anggondhèli. Rèhning jêmaah, punapa malih bôngsa pawèstri, nêmbe kacakêtan kemawon sampun risi, dene tansah angêtut saha wêwah-wêwah sêmu ajrih, pramila lajêng kasukanan. Badhe kasambêtan.

Nik.

--- 1290 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Tiyang Jêpitu manawi Gadhah Damêl

Ingkang pinanggih ing dhusun Jêpitu, tanah rêdi Sèwu, Ngayogya, tiyang badhe gadhah damêl punika, ing sadèrèngipun apêsipun kirang 2-2 1/2 wulan sampun sadhiya toya. Awit mênggahing toya, tumrap ing ngriku langku prêlu tinimbang bêtah sanèsipun, amargi panggenaning toya têbih. Wôntên ingkang 2-3 pal, malah wontên ingkang têbihipun panggenan toya punika langkung 5 pal, mila kirang sawulan utawi kalih wulan sampun tandho toya. Wragading toya punika sagêd ugi tikêl kalihipun waragad sanèsipun, punika ingkang têbih kalihan talaga. Yèn anggèning gadhah damêl ragi rowa, sanajan sampun tandho makatên, ugi yèn sampun dumugi ing damêl, ingkang ngangsu botên cêkap manawi namung tiyang 4-7, tur kêdah milih tiyang ingkang rosa, lan tabêri. Môngka tiyang samantên punika, sabên dhatêng saking mêndhêt toya, têmtu lajêng dipun ingoni, dene tirahanipun sanajan kathaha kados punapa inggih lajêng dipun bêkta mantuk. Upami dhatêng saking ngangsu botên lajêng kapurih nêdha, tamtu lajêng mogok, botên purun ngangsu malih.

Mênggah anggènipun ngurmati tamu, prasaja sangêt, inggih punika namung wedang, sêkul, jangan, ulam ayam punika kangge tanah Jêpitu taksih kangge mirah. Lah punapa punika botên mayar. Malah cangkiripun trimah gêntosan, upami cangkir 1 sagêd cêkap kangge tiyang 5-10.

Sumbangan ngrika taksih mayar sangêt, kathah-kathahipun tiyang nyumbang f 0.15, malah kathah ingkang namung f 0.075. Dene ingkang nyumbang punika sanès tiyang èstri, nanging tiyang jalêr ngiras anjagong, dados sanadyana nyumbang manawi botên mara piyambak inggih botên sumêrêp raosing têtêdhanipun. Dados upami batih 4 badhe kapengin sêkulipun ingkang gadhah damêl wau, kêdah nyumbang sadaya.

Dene para tamu, manawi dhatêng dhog, lajêng dipun sêgah wedang sapacitanipun, lajêng dipun têdha têlas. Lajêng tilêm utawi tilêman. Upami wontên tamu ingkang dhatêng satunggal malih, ugi lajêng dipun sêgah wedang sapacitanipun, lajêng dipun têdha têlas. Têrus tilêman, makatên salajêngipun. Dados anggènipun angladosi botên dipun sarêng, ugêr dhatêng ugi lajêng dipun wêdali.

Tiyang ngrika kajawi gadhah prêlu, utawi gadhah damêl mantu, têtakan, milujêngi tiyang pêjah, wontên malih ingkang langkung dipun rowakakên, lan dipun pêng, inggih punika gadhah damêl ingkang dipun wastani: besanan. Besanan punika saking lingga: besan: besan punika tiyang sêpuhipun anak mantu.

Sampun jamakipun manawi tiyang gadhah besan enggal punika tuwi-tinuwi. Ingkang kathah ambêkta angsal-angsal, upami: gêndhis, tèh, têtêdhan sawatawis. Malah yèn têbih, anggènipun ambêkta [a...]

--- 1291 ---

[...mbêkta] angsal-angsal wau ngantos pangaos f 2.50 dumugi f 5.-.

Nanging tumrap tiyang Jêpitu botên makatên. Manawi badhe tuwi besanipun punika ngêntosi yèn sampun gadhah sangu kathah. Sanajan satunggalipun sampun gadhah, yèn satunggalipun dèrèng gadhah, ugi sande anggènipun badhe tuwi. Sarta yèn badhe tuwi punika ngabari rumiyin, upami A gadhah besan B, pun A badhe tuwi B, punika a takèn dhatêng B: Aku suk anu arêp tilik, kowe bisa nômpa apa ora. Yèn B sampun gadhah samukawis, ugi lajêng nyagahi. Nanging manawi dèrèng gadhah, B mangsuli: tilika suk anu wae. Dene yèn sampun sami gadhahipun, lajêng rêmbagan bab dintên

Yèn sampun dumugi ing wêkdalipun A upami tuwi B. Ing dintên sadèrèngipun A dhatêng panggenanipun B, pun B sampun ngundangi sanak sadhèrèk utawi tôngga têpalihipun, dipun jak manggihi besanipun. Sarta panggenaning B wau ugi mawi sumbang-sumbangan punapa, inggih kados caranipun gadhah damêl sanèsipun. Panggenanipun A ugi makatên.

Pun A wau lajêng ngirid tiyang ingkang ambêkta têtêdhan, upami: sêkul saadunipun, jênang, jadah, panggang, lan sanès-sanèsipun, kawadhahan ing jodhang karêmbat. Bêbêktanipun A wau apês 3 jodhang. Lan A wau ugi ambêkta kulawarga sawatawis. Wôntên ing ngriku lajêng sami pêpanggihan. Lajêng sanès dintên pun B ugi lajêng tuwi dhatêng panggenaning A gêntos. Bêbêktanipun ugi kados pun A wau, malah trêkadhang langkung kathah lan sae.

[Grafik]

Kawontênanipun tanah pasisir kidul, Ngayogyakarta.

Yèn gadhah damêl makatên punika, wragadipun sagêd tikêl 3 kalihan manawi mantu sapisan ingkang agêng-agêngan.

Sondhèr Wiyoga.

Pawartos saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 1903 ing Cêpaga. Sampun cuwa ing panggalih, panjurung botên kapacak.

Tuwan D ing Bugisan. Sampun sok manjurung kasêrat sastra Latin, utawi kasêrat molak-malik.

Tuwan H ing Ngendraprastha. Karangan ingkang kados makatên punika sampun kathah ingkang sumêrêp. Karangan Taman Bocah kêmulukên.

Tuwan Dj ing Nganjuk. Anggèn panjênêngan badhe kintun potrèt, punika manawi dipun êmot sampun kasèp. Mila sampun kakintunakên kemawon.

--- 1292 ---

Raos Jawi

Pucung Lagu Kêthoprak

Kula nuwun bola-bali kula nuwun / bali nuwun kula / kula nuwun bola-bali / yèn ambanyol ngura-ura awak dhawak //

ngulur-ulur angên-angêne wong punggung / angajak gêguywan / mring kang kêsdu ananggapi / anaruwe maring karangan punika //

sangêt sokur kang manggita atur nuwun / môngga pra sudara / mugi sampun wigah-wigih / alêledhang mring Kajawèn kang wèh brôngta //

wiyosipun amba kalilana matur / wigatining sêdya / urun wêdha anambahi / isèn-isèn ing Kajawèn yèn tinômpa //

mêdalipun Kajawèn ing dintên Sabtu / tanggal gangsal wêlas / Madilawal Dal puniki / ping pitulas Sèptèmbêr wulan Walônda //

nomêripun pitung dasa gangsal mungguh / munggwèng tatwawara / miturut ujar kang dakik / ana kene: donya kerat tan prabeda //

gih puniku wigatining atur ulun / sagaduging manah / kapengin badhe ngêcupi / linêpatna tulah sarik tawang towang //

mênggah ulun mirid nalaripun têmbung / kene lawan kana / têka dipun anggêp sami / têgêsipun kemawon sampun abeda //

lamun têmbung: kene-cêlak têgêsipun / dene têmbung kana / punika atêgês: têbih / kadospundi dene kok dèn anggêp padha //

rak gih klintu yèn makatên anggêpipun / yèn mênggahing kula / inggih masthi botên sami / têmbung donya-punika aksaranira //

ingkang ngayun asandhangan taling-tarung / taling-têgêsira: eling-jarwa dhosoknèki / nanging rèhning mawi tarung yêktinira //

dèrèng tamtu lastarine elingipun / apan maksih kathah / kang pinikir mring si eling / yèn ngêmungna eling mring siji kewala //

tan kêcukup butuhe kang ngundhung-undhung / anak bojo ngomah / panrima dèn wèhi eling / yèn narima sukur bagya kamayangan //

dene têmbung: kerat aksarane ngayun / mung mawi sandhangan / taling botên dèn sisihi / têgêsipun: eling têrus tanpa kônca //

tanpa butuh tan mikir mring garwa sunu / tan mikir mah-omah / datan mikir pajêg krisis / têrus eling praptèng ngarsaning Pangeran //

mung puniku gèn kula ngêcupi têmbung: / donya lawan kerat / lah sumôngga ing pamanggih / lêrês lêpat mung Allah kang langkung wikan //

klilan mundur saking ngarsanta priyantun / kang kasdu nupiksa / mung lêpat amba kang mugi / pra nupiksa mugi ngêgungna aksama //§ Nut redhaksi: [Mijil] Sêkar pucung dènira ngêcupi / surasèng pasêmon / tatwawara kang rinêmbag mangke / sampun mungguh mênggahing pambudi / dêdalaning dadi / lênggahing asnapun // pêpuntoning tekat datan sami / sumusuping raos / beda-beda punika jatine / mêkaring tyas diwasèng pamilih / sagêdipun lilih / linèlèr linulur // cêkakipun landhêping panggalih / prayogi ginosok / mrih gumêbyar ywa surêm sorote / titi tamat aturing redhaksi / tarlèn mintaksami / nir ing sarusiku //.

A. N. Sarteosatram.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1293] ---

[Iklan]

--- 1294 ---

Jagading Wanita

Wedang Srêbat tuwin Roti Tape

Karanganipun sadhèrèk Purwadijaya bab wedang srêbat ing Kajawèn ôngka 71 = 1 Jumadilawal 1863, punika kula mathuk sangêt. Malah wulan Juli ingkang kapêngkêr punika kula sampun wiwit wedangan mawi srêbat, ugi kula angge nyêgah tamu punapa. Pancèn raosipun inggih sêgêr, dhatêng kasarasan inggih wontên dayanipun. Bokmanawi inggih saking gadhah daya angêt. Kangge sak kula ingkang gêgriya ing dhusun têbih toko sampun nama nyêkapi, tur inggih irit. Dene panumbas kula bumbu manawi pinuju dintên pêkênan. Salêbêtipun sapêkên tumbas bumbu namung 5 sèn. Dene bumbunipun wontên gèsèhipun sakêdhik kalihan andharanipun sadhèrèk Purwadijaya, nanging botên dados punapa, bakunipun nuju dhatêng pangiridan.

Mênggah bumbu ingkang kula aturakên wragad 5 sèn wau kados ing ngandhap punika:

Jae sabribil, adas sabribil, mêsoyi sabribil, mrica sabribil, cêngkèh sabribil, jêruk purut sêre sasèn, waron sasèn, panggodhogipun ugi botên sanès kalihan andharanipun sadhèrèk Purwadijaya. Wosipun kemawon kula mangayubagya sangêt, dene nuju dhatêng pangiridan. Awit wêkdal malèsê punika prêlu kônca wingking ugi ngrêtos dhatêng tanjanipun pangiridan saha gêsang prasaja.

Kajawi punika wontên ing dhusun ugi sagêd dhahar roti damêlan piyambak (sêpekuk suwadesi) inggih punika roti tape. Dene pandamêlipun makatên:

Tape pangaos sasèn, dipun icali sontrotipun, lajêng dipun girah mawi toya wantah (tawa) utawi jarang supados rêsik. Lajêng ngublak tigan ayam mêntah dalah sapêthakipun 3 iji, gêndhis kalapa sacêkapipun, pathi pohong sacangkir, santên kanil sacêkapipun, lajêng dipun carup kadadosakên satunggal nama jladrèn, dene tapenipun lajêng dipun wênyêt dados satunggal kalihan jladrèn wau mawi sendhok. Manawi sampun radin sadaya lajêng dipun wadhahi cithakan ingkang sampun dipun usar-usari lisah klêntik, salajêngipun dipun pan (manawi dèrèng kagungan pan, cêkap kuwali dipun tutupi layah, layahipun kalumahakên). Manawi sampun katingal jêne sumringah lajêng dipun êntas. Dene pandhaharipun manawi sampun asrêp, awit manawi taksih bêntèr dèrèng kenging dipun iris, taksih kêmpukên. Roti tape wau wayu kalih dintên taksih eca. Atur kula wau sadaya namung kangge ular-ular dhatêng para sadhèrèk ingkang manggèn ing dhusun kados kula, bokmanawi kêrsa nyobi, amung trimah lowung. Sampun kula aturakên kangge pangiridan, awit sawêg mangsanipun kêdah nindakakên pangiridan. Punapa malih kula ugi ngajêng-ajêng para sadhèrèk ingkang sami kagungan rekadaya ingkang murih dhatêng iriding kabêtahan, wasana kula namung nyumanggakakên.

R.A. Dirjasastra, ing Têmon.

--- 1295 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Kawontênanipun Konggrès P.P.B.B.

I.

Garèng : Truk, sanadyan kowe kuwi bangsane bêsluwit, nanging ing sarèhne pagaweanmu sabên dina mung nyorak-nyorèk ana ing layang kabar, dadi iya rada-rada mambu jurnalis, têmtune ana ing konggrèse bêndara-bêndara juru tulis, mantri astèn dana, wêdana utawa gusti-gusti kangjêng, kala tanggal 9 tumêkane tanggal 11 Oktobêr kiyi, iya mèlu mêthongkrong nonton. Wèh, mendah le sêmruwêng, sêmangêr, umyung. Sarta ing sarèhne sing padha konggrès mau para priyayi pangrèh praja, mêsthine iya rame bangêt anggone padha jor-joran akèh-akehan... inggih sêndika lan sêmuhun dhawuh.

[Grafik]

Petruk : Kliru Kang Garèng, kliru, iki konggrès dudu konpêrènsi. Ana ing konpêrènsi, kuwi ana sing bêlônja 1000 - nanging: sèn, tur gampang dijabêle, ana sing blônja 1000 - tapi guldhên (rupiah) kathik kuwasa anyabut nyawa, mulane iya mèmpêr yèn ing kono rada murah: nun ingggih sêndika. Balik ana ing konggrès, kabèh-kabèh, iya sing mung pangkat rumput utawa wit ringin pisan, rak padha warganing pakumpulan, dadi iya: sami mawon. Karo manèh, Kang Garèng, ing jaman saiki kiyi aja kok padhakake jaman Majapaitan, kalane para luhur isih padha rêmên mirêngake suwarane dhewe, sanadyan suwarane mau: klokor-klokor utawa sêrak, lan ora sondèl bangêt mirêngake têmbangane bawahe sanadyana suwarane galik-galik turut usuk. Nèk kala samana isih panèn: nok noknon inggih, kuwi mula iya mèmpêr, nanging nèk jaman saiki, [sa...]

--- 1296 ---

[...iki,] iya jaman kamajuan kiyi, para luhur rak wis padha kêmpling-kêmpling, wis padha sagêd ambedakake suwara sing cêmêngkling lan suwara sing blero, lan uga wis padha ngrumaosi, yèn pangkate, sanadyan kurang saonjotan bae wis têkan ing pangayunaning Pangeran, mung silihan bae, esuk utawa sore bisa dijabêl nyang sing kagungan. Mulane nèk jaman saiki iya wis prasasat ora ana priyayi luhur, sing sênêng saupama priyayi bawahe padha sarujuk anyumanggakake: caturana dhewe. Ewasamono saakèh-akèhe iya isih ana bae sing kalêbu êndhog wukan. Upamane bae ing dina riyadi kêpengin madêg prabu anom, ngangkat priyayi loro minôngka abdi dalêm gandhèk, andhèrèkake pitrah dalêm mênyang mêsjid...

Garèng : Lo, lo, lo, kok banjur nglindur mangkono, wong ditakoni kaanane konggrès, omongane têka banjur nglantur-nglantur. Wis saiki caritakna mungguh wawasanamu kaanane konggrès.

Petruk : Sanyatane mono cara Banyumase aku: sêmadancagla (têmbung sing kèri kiyi diwaca miring), dene wargane pakumpulan jarene kurang luwih ana nêm èwunan, nanging sajêrone dianakake konggrès kiyi, sing ngrawuhi mung clêmang-clêmong bae.

Garèng : Wiyah, hambok dikandhakake sing ngrawuhi sathithik, hla nèk calêmang-calêmong kuwi rak omong sing alot kae, kathik dicampur adhuk ora karuan mêngkono. Bab sathithike sing padha rawuh kuwi, nèk aku ora bisa maido, awit iki jênêngane konggrès, dudu... cacaran desa. Hla nèk cacaran desa, hla kiyi, nom tuwa, jaka prawan, rôndha dhudha dalasan sing lagi... kêbêlêt bangêt, mêksa ora kêna mangkir. Beda karo konggrès, sing ngrawuhi rak mung sing kêpilih dening apdhèlinge. Kaya ta: siji-sijining apdhèling ngirimake utusan siji utawa loro, mulane iya mung katon sathithik, nanging kowe kudu ngèlingana, yèn utusan siji mau makili kônca warga-wargane sathithik-sathithike satus.

Petruk : Iya, Kang Garèng, aku iya prêcaya, yèn apdhèling-apdhèling mung bisa ngirimake utusan siji utawa loro, nanging ing Batawi kene bae, ing sarèhne kutha gêdhe mangkene, têmtune rak iya akèh, ta, wargane, ewasamono saka pandêlêngku sing padha ngrawuhi kok mung blêntang-blêntèng bae, apa ing batine padha mêngkene gagasane: môngga, dara-dara blêstir, kula pasrahakên dhatêng panjênêngan sadaya, manawi sae wohipun, kula andhèrèk nêmpil, manawi wontên rêkaosipun, môngga panjênêngan borong piyambak.

Garèng : Lo, kowe aja kaliru tômpa, Truk, aja pisan-pisan ngira, yèn para wargane sing ana ing Batawi kene padha ngêpringake mênyang apa sing dirêmbug ana ing konggrès kono, wah, kuwi ora babar pisan, kabèh-kabèh mêsthi daya-daya kêpengin padha mirêngake apa sing dirêmbug ana ing kono, mung bae kowe ngrêtia, pagaweane priyayi pangrèh praja kuwi akèh bangêt, hla wong kêna diunèkake sadina sawêngi dhinêse [dhinê...]

--- 1297 ---

[...se] 32 jam, mulane iya ora kobêr bangêt nèk dikon konggrès-konggrès. Kajaba ta, yèn ing konggrès kono dianani... tayuban.

Petruk : Wiyah, apa ing konggrès kono mung arêp angrêmbug B.B.L. ing sarèhne kaplêsirane sêkal A dianggêp tanpa ana waragade, kudu dirêmbug supaya ing tayuban, dhuwit tombok lan pêkacir, kudu di... sowak. Kajaba kuwi, Kang Garèng, aku prêcaya, yèn pagaweane priyayi pangrèh praja kuwi akèh, nanging sadina sawêngi kuwi mung ana 24 jam, ana têka kok kandhakake, yèn dhinêse priyayi pangrèh praja 32 jam, lo, kuwi kapriye.

Garèng : Malah ora 32 jam bae, nèk dipadhakake karo wong lumrah, dhinêse ing dalêm sadina sawêngine kêna diunèkake 40 jam. Dene sababe mêngkene: Takêre wong urip kuwi, supaya bisa têntrêm uripe, kudu diperang mangkene: 8 jam kanggo nyambutgawe, 8 jam manèh kanggo gêguyon karo anak bojone, turahane sing 8 jam kanggo turu. Lo, kuwi nèk tumrape wong lumrah. Beda karo mungguhe priyayi pangrèh praja, 8 jam kanggo nyambutgawe, nulas-nulis upamane, 8 jam sing pancène kanggo gêguyon karo anak bojone, kudu kanggo ngurus prêkara, turne lan sapiturute, iki wis jênêng nyambutgawe 16 jam, le rugi sabab ora bisa gêguyon karo anak bojone wis 8 jam, iki ora kêna dilironi karo 8 jam sing pancène kanggo turu, awit sawayah-wayahe priyayi pangrèh praja kêna dilarak saka têmpat tidhure, upamane ana: omah kobong, kècu, rajapati, lan sapêpadhane. Dadi sing 8 jam kanggo turu mau iya kanggo nyambutgawe manèh, kang anjalari banjur rugi 8 jam manèh, hara, kabèh mau gunggung kumpul apa ora ana 40 jam ing dalêm sadina sawêngine.

Petruk : Nèk dietung mêngkono, aku iya ngandêl, mula priyayi pangrèh praja pagaweane tanpa ana watêsane. Malah iya ana sing andhinêsake 40 jam têmênan, nganti sok angèl golèk-golèkane, kajaba ta ana ing panggonan sing mung disumurupi wong siji loro, lan ora pisan-pisan kêna diuningani dening... dara dèn ayu.

Garèng : We, hla kurang ajar, kathik banjur mêlèh-mêlèhake barang sing ora mèmpêr mêngkono, karo manèh sing kaya ngono kuwi rak kalane jaman wong lanang isih têmênan kae jumênêng: guru laki, malah ing kala samono jarene: saya akèh simpênane, iya saya: gêsêkik (geschikt) awit banjur ora tungkul andhuwêl ana ing ngomah bae. Nanging ing jaman saiki, rak wis ganti programah, nèk ana priyayi, sanadyan ing golongan pangrèh praja pisan, kathik wani sawiyah-sawiyah karo dèn ayune, kiraku dening dèn ayune mau bisa kalakon di... talak pitu. Nanging rêmbuge padha dilèrèni samane bae dhisik, liya dina padha dibanjurake manèh.

--- 1298 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI.

Pêrang catur. Comite nama "Panyuluhan Umum" ing Madiun mêntas ngawontênakên Openbare debat-vergadering, ingkang dipun tindakakên dening Mr. Ali Sastroamijoyo tuwin Tuwan Suraji. Jêjêring rêmbag ing bab badhe ambikak topèngipun Mr. Ali. Têmpuking damêl kathah tiyang ingkang sami surak-surak ngantos nyilêpakên ingkang mêdhar sabda. Wusana kabibarakên.

Punapa anggènipun surak-surak wau saking ambingahi sumêrêp tarunging bangsa sami bangsa.

Ki Hajar Dewantoro. Wontên pawartos, dèrèng rangu punika Ki Hajar Dewantoro panuntuning Taman Siswa sampun angintunakên kawat dhatêng Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral, anelakakên pamanggihipun ing bab gêgayutanipun kalihan ordonansi pangawasan sêkolahan preman. Dening wosipun botên anyondhongi ing ordonansi ingkang suraosipun angèngingi sêkolahan preman wau.

[Grafik]

Angsal-angsalaning beya ing Tanjungpriok mindhak. Angsal-angsalanipun arta beya palabuhan Tanjungpriok ing wulan Sèptèmbêr kintên-kintên mindhak f 20.000 tinimbang ing wulan Augustus. Mênggah pêpetanganipun wulan Sèptèmbêr f 1.512.000. Augustus f 1.494.000.

Lumayan.

Pulisi dados begal. Sampun sawatawis dintên pulisi ing Banjarharjo, Brêbês, nyêpêng tiyang nama Citra, pulisi dhusun ing Dhukuhjêruk, amargi kadakwa ambegal tiyang Kubangjêro ingkang mêntas wangsul saking jagong.

Punika nama lucu, pulisi dipun cêpêng dening pulisi ing bab prakawis kadurjanan. Samantên kiyating jaman rêkaos.

Kabucal dhatêng Digul. Kawartosakên Tuwan A.J. Patty gembonging ebah-ebahan ingkang kabucal dhatêng Ruteng, Flores, ing sapunika kapindhah dhatêng Digul.

Tuwan Patty punika wontênipun ing jagat ebah-ebahan tansah katingal. Ing sapunika badhe manggèn ing papan ingkang kenging dipun wastani papan pamijèn.

Tindak salingkuh ing panyadean candu Rêngasdhêngklok. Mantri O.R. ing Rêngasdhêngklok katahan ing pakunjaran, jalaran nyalingkuhakên arta tuwin candu, sadaya rêrêgèn f 1100.- ingkang f 300 wujud arta.

Tumraping papan panyadean candu, manawi wontên salingkuhan kenging dipun upamèkakên kados menda dipun umbar ing kacangan. Inggih tiyang punika manawi sawêg kataman ing pêpêtêng.

Kasêrêg ing prakawis malih. Mêntas rame kawartosakên ing bab anggènipun Tuwan Simon Silaban kaukum jalaran persdelict. Ing sapunika saluwaripun saking paukuman, kasêrêg malih jalaran angrèmèhakên mantri Boschwezen wontên ing sêrat kabaripun dipun ungêlakên: orang utan.

Tiyang punika manawi sawêg kojur, wontên-wontên kemawon.

Sakalangkung mêmêlas. Ing dhusun Pangarengan, bawah Sindanglaut, Cirêbon, wontên tiyang manggih lare alit umur 1 taun wontên têngah wana. Lare wau taksih gêsang, nanging badanipun kêra sangêt, kêbak tilas dipun cokoti lêmut. Sarêng dipun udi sagêd manggihakên biyungipun, cariyos manawi lare wau pancèn kabucal, amargi piyambakipun botên nyambutdamêl, pados têdha rêkaos, tinimbang nyumêrêpi pêjahing anak, aluwung dipun bucal.

Sintên kemawon têmtu ngêrês ing manah.

Ajrih dhatêng pajêg sata. Wontên pawartos, sudagar sês ing Kudus nama Amir, ingkang cirinipun padangan cap Amir, sarêng mirêng badhe tumindakipun pajêg sata, Handelsmerkipun lajêng dipun sade dhatêng N.V. Muria, ugi ing Kudus, gadhahanipun bangsa Tionghoa kalayan rêgi f 15.000.- Awit rumaos badhe kawratan ambayar pajêg.

Tindak makatên punika pinanggihing wawasan kenging dipun wastani ajrih dhatêng ayang-ayangan, nanging ugi mêngku kajêng sadhiya payung sadurunge udan. Mênggah nyatanipun, sabên wontên ingkang susah inggih wontên ingkang sakeca.

Papriksan mawi saksi kathah. Lurah dhusun ing Haurkuning, Sumêdhang, dipun rampungi wontên ing landgerecht, kaukum 1 1/2 taun, jalaran artanipun kas kirang f 200.-. Sêksining prakawis wau ngantos wontên tiyang 172. Sakawit lurah wau appel, nanging wusananipun inggih narimah.

Prakawis pawartos tiyang ngangge arta punika pinanggihipun wontên ing jaman sapunika limrah. Nanging bab saksi ngantos samantên kathahipun tur artanipun namung sakêdhik, punika nandhakakên bilih arta ingkang kalêbêt punika kêklêmpaking karingêtipun tiyang ringkih, jêbul sarêng nglêmpak dipun antêm krama.

Pawartos sarwa suda. Parentah ing tanah ngriki ngaturi uninga dhatêng Minister van Kolonien. Bilih ing bab ngandhapakên pènsiun prêlu katindakakên kathahipun 10 pCt. Pangiridan punika badhe sagêd angsal 4 yuta rupiyah. Lan malih jalaran tumindaking pamranata dèrèng rampung, wiwit benjing tanggal 1 Januari 1933 balanja wiwit kasuda 10 pCt.

Pawartos warni kalih punika mênggah limrahipun sami mastani botên sakeca. Sanadyan dèrèng kêlampahan, prêlu dhêg-dhêgan rumiyin.

Parêpatan darah Citrosoman. Pambantu Kajawèn ing Tuban kirim pawartos, kala dintên Ngahad tanggal 9 wulan punika, para darahipun Kangjêng Pangeran Citrosoma damêl parêpatan wontên ing griyanipun R.M. Heru, ing Kauman, Tuban. Ingkang karêmbag: 1. Ngluhurakên drajating para lêluhur ing jaman kina ing bab lêlabêtanipun, 2. Ngiyatakên ichtiar ngawontênakên studiefonds dhatêng para turun, 3. Pilihan warga enggal.

Ing jaman sapunika bangsa Jawi saya katingal ing bab karukunanipun tunggil warga. Punika manawi kasêmbadan, pancèn agêng sangêt pigunanipun.

Pêrang-pêrangan ing jumantara. Wontên kabar tanggal 16 wulan October punika ing Surabaya badhe dipun wontênakên pêrang-pêrangan ing jumantara. Ingkang tumut pêrang-pêrangan wau: 4 mêsin mabur Fokker, 1 mêsin mabur kangge ngusungi barang-barang lan 4 mêsin mabur pambujêng. Dene ingkang dados têtindhihing pêrang-pêrangan wau Mayor Ilgen.

Dèrèng dangu punika mêntas dipun wontênakên pêrang-pêrangan lautan, ing tanggal 16 wulan punika pêrang-pêrangan wontên ing jumantara, wohipun: ha - di, aku wêdi.

--- 1299 ---

Resident ambêdhag. Resident ing Serang, Tuwan De Kanter, ingkang kawartosakên ambujêng sima ing wana Ujung Kulon, sarta dipun kuwatosakên ical, samanke sampun kondur. Anggènipun ambujêng sima tanpa damêl.

Lo, samantên gawatipun padamêlan amtenaar Walandi ing golongan pangrèh praja. Padamêlanipun mila inggih kathah sayêktos. Murih sagêdipun èncèr panggalihipun sarta waras saliranipun, kadhangkala kêdah dipun salundingi sport, upaminipun kemawon: tennis, ambêdhag sima lan sasaminipun.

Pèlpulisi nyênjata kancanipun piyambak. Wontên kabar wontên sawênèhing pèlpulisi ing Bandawasa nyanjata kancanipun piyambak, sabab mèri anggènipun angsal katêrangan prakawis kadurjanan. Ingkang dipun sênjata dumugi ing tiwas.

Wah, sajakipun badhe wangsul kados jaman purwa malih. Kaotipun: rumiyin pêjah-pêjahan margi... thukmis, samangke sabab kawon arum namanipun.

Pangiridan ing Volksraad. Benjing tanggal 14 October punika pangiridan Volksraad badhe ngawontênakên pakêmpalan. Pangarsa Tuwan Dr. Meyer Ranneft, lid tuwan-tuwan Fruin, De Hoog, Van Baalen, Prawoto, Thamrin, Kan, Dwijosewoyo tuwin Hart.

Wah, botên wontên ingkang kalangkungan, ing pundi-pundi kêdah dipun wontêni pangiridan. Wontên pamirêngan ngantos: bosên.

Pakunjaran dados griya sakit. Saking Surabaya kawartosakên, bilih wiwit wulan punika pakunjaran ing Pasuruan kaicalan saha kagantos dados griya sakit tumrap têtiyang ewah. Ingriku dipun sadhiyani panggenan kangge tiyang ewah cacahipun 400.

Wontênipun ewah-ewahan ingkang makatên punika nuwuhakên pitakenan warni kalih, inggih punika: icaling pakunjaran ing Pasuruan wau punapa satunggiling tandha yêkti sudaning kadurjanan, punapa ing taun ngajêng minangka kangge anyadhiyani sawênèhing tiyang, ingkang kêsupèn ing purwa duksinanipun,jalaran... dipun cêngklong malih blanjanipun.

Amsterdam-Bêtawi salêbêtipun 5 dintên. Wontên kabar, bilih ing taun 1934 ngajêng punika sagêd kaajêng-ajêng lampahipun mêsin mabur ingkang lumampah saking Bêtawi dhatêng Amsterdam (nagari Walandi) badhe saya karikatakên, ngantos ing dalêm sajam rikating lampahipun 230 km. Manawi sagêd kalampahan makatên, Amsterdam dhatêng Bêtawi badhenipun namung lampahan 5 dintên.

Têka samantên kamajênganipun ngèlmu techniek. Amila inggih botên kenging dipun paibên, manawi sok lajêng wontên tiyang ingkang nyariyosakên, bilih jagad punika saya dangu saya mungkrêt. Mangga sami dipun panggalih punapa inggih botên anggumunakên. Bangsa Walandi ingkang dhatêng rumiyin piyambak wontên ing tanah Jawi, inggih punika ingkang dipun pangagêngi dening Tuwan Houtman, ing kala taun 1596, lampahipun saking nagari Walandi mriki kirang langkung wontên 14 wulan. Sarêng tiyang lajêng sagêd migunakakên baita kapal ingkang sarana stoom utawi motor, tuwin sagêd nyêlakakên margi sarana andhudhuk susukan Suez, ing antawisipun Afrika kalihan Europa, tanah Jawi dhatêng nagari Walandi sagêd dipun lampahi kirang langkung namung sawulan. Samangke sarêng jaman mêsin mabur punika sagêd dipun lampahi kirang langkung 10 dintên. Lo samangke lajêng wontên kabar, nagari Walandi dhatêng tanah Jawi namung badhe lampahan 5 dintên. Mangga punapa punika botên anggumunakên.

[Grafik]

Inginggil punika gambaripun Bestuur Jaarmarkt saha wakil-wakil sêrat kabar nuju wontên ing kampung pêrtukangan ing salêbêting Jaarmarkt wau.

EUROPA.

[Grafik]

Kaukum kisas. Inginggil punika gambaripun pangadilan nuju mriksa prakawisipun têtiyang Nazi gangsal ingkang adamêl dahuru wontên ing Berlin, kaukum kisas, nanging salajêngipun ukuman wau kaewahan ukum kunjara salaminipun gêsang.

ASIA.

Badhe ngangkat mas saking sadhasaring sagantên. Kawartosakên, ing Tokio wontên pakêmpalan badhe ngadani ngangkat mas saking sadhasaring sagantên, sarana dipun salulupi. Barang-barang wau asli sumimpêt wontên ing kapal pêrang Rus nama "Nachimoff" ingkang kêlêm rikala pêpêrangan Jêpan-Rus. Barang-barang ingkang wontên ingriku kintên-kintên rêrêgèn 200 yuta rubel.

--- 1300 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

49.

Sanalika tuwan pangagêng wau mambêng, saha ing sêmu katingal anggènipun tumut susah, wicantênipun: Mangke rumiyin. Ing sapunika kula piyambak pitados dhatêng sucining manah sampeyan, kula sanès lare. Sampeyan sumêrêpa, piawon wau aslinipun saking sêrat pitênahan, dipun dhawahakên dhatêng pangagêng. Ingkang sabar ing manah, nyonyah, kula kaparênga ngêndhêg sampeyan wontên ing ngriki.

Nuwun, tuwan, pangandika panjênêngan sadaya wau saèstu adamêl asrêping manah kula. Pitados panjênêngan dhatêng katêmênaning atur kula, kula tampi kanthi sukur lan bingahing manah, badhe kula èngêt-èngêt ing salami-laminipun. Nalika wicantênipun Nyonyah Dhorah dumugi ngriku, kèndêl angusapi luh, dipun sambêt ing wicantên ingkang kamoran kêsêsêgên: Nanging anggèn panjênêngan anggondhèli, supados kula lêstantun nyambut damêl wontên ing ngriki, kula botên sagêd. Kula lajêng kalilanna mantuk.

Tuwan pangagêng mangsuli kados ngasih-asih: Kula sampun ngintên, sampeyan tamtu botên purun nyambut damêl wontên ing ngriki malih. Nanging sampeyan manah ingkang panjang rumiyin, ta, ing jaman sapunika tiyang pados padamêlan punika rêkaos.

Kula pitados bilih ing jaman sapunika tiyang pados padamêlan rêkaos. Nanging tumrap tiyang ingkang kajêng nyambut damêl, padamêlan punika wontên lan botên kirang margi.

Dados sampeyan kêncêng badhe mêdal.

Inggih makatên: Tuwan, amargi wontên kula ing ngriki, sampun sarwa rupêk. Malah ing bab punika sampun kula raos wiwit kula sawêg malêbêt dhatêng padamêlan.

Manawi makatên, sampeyan nampènana arta saking kasir f 15.- minôngka petanging padamêlan sampeyan tigang dintên.

Anggèn kula nyambut damêl botên petang dintênan tuwan, sampun, botên dados punapa, nuwun.

Tuwan pangagêng lajêng ngacungakên tangan ngajak tabikan kalihan wicantên: Gêsang sampeyan botên badhe kêkirangan. Têtêping manah sampeyan badhe suka margi padhang ingatasing pados panggêsangan. Ing bab anggènipun ing kantor ngriki klêbêtan sêrat pitênahan, botên dados punapa, ing donya pancèn panggenan awon, nanging wontênipun ing sanès panggenan, sampeyan badhe manggih kasênêngan. Manawi nyonyah purun utawi wontên prêlunipun nyonyah nyênyangkinga nama kula, e, bokmanawi dados jalaran anggampilakên pados padamêlan.

Nyonyah Dhorah mirêng pitêmbunganing pangagêng wau, sanadyan nuju sêdhih, karaos adamêl sênênging manah, wusana mangsuli: Nuwun, tuwan. Pangandika panjênêngan kula tampi kanthi suka bingahing manah.

Sadumugining griya pamondhokan, Nyonyah Dhorah mrêlokakên maos pariwara ing sêrat-sêrat kabar, ing ngriku wontên satunggiling makêlar pados punggawa ing bab sêsêratan, sukur ingkang sagêd basa ngamônca. Nyonyah Dhorah lajêng manah-manah, piyambakipun dèrèng nate nindakakên padamêlan sêsêratan babagan among dagang mawi basa ngamônca, nanging ing bab basa ngamônca, piyambakipun kulina sangêt. Kêkênthêlaning manah, Nyonyah Dhorah lajêng dhatêng kantor ingkang pados tiyang wau, panggenanipun ing Kalibêsar, ugi lajêng pinanggih kalihan pangagêngipun. Nalika nuju pêpanggihan wau, Nyonyah Dhorah ningali ngiwa nêngên, sumêrêp juru sêratipun wontên tiga, sami taksih anèm-anèm, makatên ugi pangagêng wau inggih taksih anèm. Tangkêpipun tuwan pangagêng katingal rumakêt sangêt, ngantawisi manawi panêdhanipun padamêlan badhe katampèn, satêmah ngantos nuwuhakên pakèwêding manahipun Nyonyah Dhorah.

Lajênging wicantênipun tuwan wau: Ing bab balônja botên prêlu dipun rêmbag rumiyin. Nalika wicantênipun makatên, tuwan wau nyambi ngêcrot-êcrotakên plonyo wontên ing kacu, saha lajêng nawèni dhatêng Nyonyah Dhorah. Nyonyah Dhorah mangsuli: Nuwun.

Salajêngipun tuwan wau wicantên malih: Inggih, inggih, prakawis balônja punika gumantung wontên kasagêdan. Sêrat-sêratan ngangge basa-basa mônca punika pancèn botên gampil, dados saupami wontên ingkang sagêd nindakakên, pantês dipun balônja kathah.

Sasampunipun makatên, tuwan pangagêng lajêng nyukakakên sêrat-sêrat ingkang kêdah dipun wangsuli. Sêrat-sêrat wau suraosipun mèh sami kemawon kalihan ingkang sampun-sampun, wah ngengrenganipun taksih wontên, dados anggènipun nyambut damêl botên rêkaos.

Sarêng jaman satunggal, kancanipunn nyambut damêl sami mêdal sêsarêngan, Nyonyah Dhorah nyawang ngantos dangu. Wontênipun nyawang makatên, awit Nyonyah Dhorah mangrêtos manawi kèndêling nyambut damêl punika jam sakawan. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 84, 18 Jumadilakir, Dal 1863, 19 Oktobêr 1932, Taun VII.

Kajawèn.

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 150, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun : Pulo Bali - Sampun Tilar Kaprayitnan - Susuh Sandawa Dalah Cêcariyosanipun - Barang ingkang Kina tuwin Bab Pangaji-aji Warni-warni - Èwêding Pamilih - Bab Têmbung-têmbung: Indhonesiah tuwin Indhonesiêr - Kabar Warni-warni - Wêwaosan.

Pulo Bali

[Grafik]

Sawangan talaga Batur kaprênah wontên sukuning rêdi Batur, ing Pulo Bali.

--- 1318 ---

Pawartos Wigatos

Sampun tilar kaprayitnan

Sambêtipun Kajawèn Nomêr 83

Saking pintêr tuwin alusing pambujukipun Sèh Kadham Sèh, utawi saking wasising para among dagang Syarafi, inggih punika upamia ing tanah Jawi makatên kasêbut preyalan, ing ngakathah lajêng sami nularakên arta utawi wisêl bêbêktanipun dhatêng têtiyang wau, mawi arta jêne dahab (sovereign).

Wontên malih anggèning botên kesah dhatêng kantor bang wau, amargi kaajrih-ajrihan yèn botên gadhah wanci, jalaran sampun mangsanipun bidhal dhatêng Mêkah tur malih panggenanipun kantor wau têbih sangêt, utawi wontên ingkang obrolan yèn ing dintên punika pinuju katutup. Malah sawênèh wontên ingkang kasanjangan yèn ing ngriku mêsthi botên sagêd têtêmbunganipun, lan malih ing pundia panggenan rêgining arta jêne punika têmtu sami kemawon.

Bilih sampun kalintonan ing dintên sanès lajêng kabêkta piyambahpiyambak. dhatêng bang paktore wau, ing ngrika kasêbut dening pribumi: bang Holandha utawi sarekah Holandha. Dados ngangge patrap makatên punika, untungipun sagêd ambal kaping kalih. Anyêlani sakêdhik: bang Holandha wau nalika wulan Mèi têngahan sampun kapindhah ing sacêlaking pêkên anyakêti panggenaning para syaraphi, para among dagang lan griyaning para sèh, inggih punika ing kantor bang, ingkang suwau kangge bang Osmani (Ottaman Bank).

Sadèrèngipun wontên sarekah Holandha punika, rêginipun inggih punika kursipun arta Jawi ing pêkên utawi ing toko-toko, ing dalêm satunggal jêne dahab ngantos 14,15 trêkadhang ngantos 16 rupiyahan utawi langkung. Ing wêkdal punika preyalan utawi para among dagang kapêksa angandhapakên kurs wau, jalaran rumaos kadhêsêk, ananging sarana lampah kados kasêbut ing nginggil kathah sangêt arta Jawi utawi wisêl-wisêl ingkang dhumawah ing pribumi.

Kadamêla ing sagrêdêgan wontên tiyang kaji gangsal utawi nêm atus ingkang sami dhatêng, lan upami karacak [ka...]

--- 1319 ---

[...racak] sakêdhik-kêdhikipun pambêktanipun arta ing sabên jêmaah sadumugining tanah Arab dados rêsikipun wontên tigang atus rupiyahan, bilih sadaya wau kalintokakên ing pêkên, toko-toko utawi dhatêng syarapi, kaoting panampinipun tinimbang ing sarekah Holandha kintên-kinên wontên bôngsa kalih utawi tigang rupiyahan ing dalêm satunggal tiyang. Dados dununging arta ingkang dhumawah ing pribumi ngrika kados ugi atêgês adamêl rugining jêmaahipun piyambak ing saonjotan punika wontên sèwu rupiyahan langkung.

[Grafik]

Unta ingkang nuju lumampah wontên ing sagantên wêdhi.

Sajatosipun bab punika botên sagêd kacêthakakên sayêktos, amargi ing ngakathah jêmaah botên mangrêtos kursipun ing wêkdal punika, trêkadhang namung nampi lêlintuning artanipun kalayan jêne dahab, reyalan arta kurs-kursan wau. Upami wontên ingkang tinakenan wangsulanipun ing ngakathah inggih namung: wikana, gih, mung disukani sêmantên niki, kula takèk-takèkake, criyose gih pun lêrês...

Kados ugi ingkang sampun kasêbut ing Kajawèn nomêr 23 wulan Marêt, jêmaah ingkang sami dhatêng ing Hejas wau sagolongan agêng tuwin ing ngakathah bôngsa tani utawi bôngsa kriya, upami wontêna bôngsa priyantunan ugi namung sakêdhik. Dados bab kurs-kursing arta utawi kawontênaning pambujuk-pambujuk wau ing ngakathah kirang mudhêngipun, punapa malih tinaman ing pangajrih-ajrih kasêlak bidhalan dhatêng Mêkah wau, sami enggal pitadosipun.

Bidhalipun dhatêng Mêkah ngangge lori, inggih punika motor bês, ananging wujudipun botên nyênêngakên kados ing tanah Jawi. Kajawi tanpa aling-aling, dados samargi-margi tansah kanginan, lênggahanipun atos, wêwah-wêwah sawênèh payonipun wontên ingkang kajêng.

Ing tanah Jawi ngriki bilih wontên salah satunggiling pakêmpalan utawi wontên tiyang sawatawis ingkang sarujuk badhe amêng-amêng ing sanès panggenan, ing môngka ngrêsakakên ngangge motor bês têmtu bês wau lajêng kasewa borongan, ing wingking waragadipun dipun bagi rata, dados wontên mayaripun sawatawis tumraping sewan.

Badhe kasambêtan, Nik.

Cariyos Wigatos

Susuh sandawa dalah cêcariyosanipun.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 83.

Tindak kados makatên punika pikantukipun lajêng damêl katêtêganipun têtiyang ingkang sami badhe tumandang ing damêl. Wusana lajêng katindakakên ing saprêlunipun.

[Grafik]

Ôndha panjatos ingkang kagulung.

Pirantos ingkang kangge ngundhuh punika ôndha panjatos sakalangkung kiyat, kenging kagulung kenging kaulur, panjangipun dipun kaduki, amargi andhapipun tiyang ingkang ngundhuhi punika wontên ingkang ngantos satus mètêr. Manawi ôndha kaulur mangandhap, poking ôndha ingkang wontên ing nginggil dipun cancang kêdah wontên ing kêkajêngan, tiyangipun ingkang badhe ngundhuh lajêng mandhap, andhanipun montang-manting, katingal amutawatosi, nanging tumrap tiyang ingkang tumandang, inggih sakeca kemawon. Sadumugining ngandhap, tiyang wau katingal gumandhul, ing ngandhap alun mulak-mulak nyuwara gumêlêgêr. Inggih ing panggenan ingkang sakalangkung mutawatosi punika panggenaning susuh lawèt, sami pating trèmplèk wontên ing parang curi, utawi wontên rong-rongan ingkang andhêlik. Angsal-angsalanipun lajêng kawadhahan ing cangklong, ingkang mawi tangsul kasrempangakên ing pundhak.

Samôngsa angsal-angsalanipun sampun kathah, lajêng wangsul minggah, angsal-angsalan wau lajêng dipun kalêmpakakên, wusana dipun pilihi manut undha usuking awon saenipun. Miturut katrangan, susuh sandawa wau ing dalêm sakatosipun rêrêgèn f 20,-

Mirid tumindaking damêlipun para tiyang ingkang ngundhuhi susuh, punika satunggiling padamêlan ingkang sakalangkung mutawatosi, kados ta ing bab mandhapipun urut ôndha, manawi tiyang ingkang botên kulina tamtu singunên, wah ing ngandhap sagantên mulak-mulak ingkang sakalangkung ngajrih-ajrihi, saupami wontên apêsing badan, ngantos kaplèsèt saking pancadan, tamtu dados tinja urang. Mila ing bab piyandêl, bilih ingkang nguwasani susuh lawèt punika ratuning lêlêmbat, saupami dipun pitadosa inggih ragi wontên èmpêripun. Nanging tumrapipun kawruh kanalaran, kapitadosan wau namung anggayut dhatêng gawat tuwin rumpiling panggenan, têgêsipun pancèn nyamari yêktos. Dados ing bab wilujêngan sapanunggilanipun, wosipun pados wilujêng, adhêdhasar kasantosaning manah.

--- 1321 ---

Mila tindak wau saupami dipun ewahi sarana ngicali kapitadosan kados ingkang sampun tumindak, sagêd ugi adamêl uwasipun tiyang ingkang sami tumandang ing damêl, wêkasan tiwas sayêktos.

Sarèhning kapitadosan ing ngriku punika lèrègipun dhatêng kawilujêngan, tiyang tamtu ajrih angewahi. Lan mênggahing kapitadosan wau, lêlajênganipun wontên cêcariyosan ingkang elok, gêgayutan kalihan ing bab wontênipun susuh pêksi lawèt. Cêcariyosanipun makatên:

Ing jaman kina ing tanah ngriku wontên karajan agêng nama Wanakêrta, ratunipun putri, jêjuluk Prabu Kalasêkti. Sang nata putri wau gêrah, lajêng dhawuh pados jampi, dene jampi wau ingkang kacêtha ing wangsit, padosa sêkar sagantên ingkang tuwuh wontên ing parang curi.

Dhawuh dalêm nata wau lajêng dipun tindakakên dening bupati nama Mas Tumênggung Arungbinang. Ngupadosipun Mas Tumênggung Arungbinang sakalangkung rêkaos, mawi adhêdhasar lampah ngambah parang curi, botên nêdha botên tilêm ngantos pintên-pintên dintên, nanging botên manggihakên ingkang dipun wastani sêkar sagantên. Wusana sarêng sampun pitung dintên, dipun panggihi tiyang èstri anèm, inggih punika bangsaning lêlêmbat, sagah ambiyantu ngupadosakên, nanging mas tumênggung kapurih ngrabi piyambakipun. Kalampahan mas tumênggung sagêd angsal sêkar sagantên, manggènipun tumemplok ing paranging guwa. Salajêngipun sarêng sêkar wau dipun dhahar sang nata, gêrahipun waluya. Sang nata lajêng dhawuh, guwa panggenaning sêkar wau kanamakakên guwa dhahar, dene sêkar wau dipun sabdakakên dadosa susuh pêksi lawèt. Kajawi punika, Mas Tumênggung Arungbinang dipun êlih nama Kyai Surti, kados ingkang sabên-sabên kaucapakên wontên ing ujub ing kalanipun wilujêngan.

Lajênganing cariyos, Kyai Surti sasampunipun kalampahan ngrabi lêlêmbat, lajêng mrênyanyang.§ Murih cêthanipun mundhuta buku Serie No. 1021 ingkang nyariyosakên patilasan ing Karangbolong, sakalangkung nêngsêmakên, rêginipun namung f 0.20.

Miturut dêdongengan punika, dumadosing susuh lawèt wau mawi gêgayutan cêcariyosan elok. Nanging mênggah sajatosipun, susuh wau kadadosan saking ilêring pêksi lawèt. Mênggah cocogipun kalihan kanalaran, nyatanipun dene ing Grêsik ugi wontên susuh ingkang kados makatên.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 4451 ing Boaran. Lêrês panjênêngan. Dados f 1.50 ingkang nêmbe kula tampi punika, tumrap kuwartal 1 taun ngajêng.

Lêngganan nomêr 3572 ing Krajan. Pamundhut panjênêngan, kaping 12/10 sampun kula kintunakên. Nanging... sampun duka, awit administrasi sawêg arungan damêl.

Pawartos saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 372 ing Bangilan. Tatwawara wontên ingkang pêthikan, wontên ingkang damêlan. Benjing manawi kasêmbadan inggih kawêdalakên dados buku.

Raos Jawi

Barang kina tuwin bab angaji-aji warni-warni

Tumraping bôngsa Jawi dèrèng patos katingal ing bab pangaji-ajinipun dhatêng barang kina. Nanging tumraping pusaka, inggih punika dêdamêl, utawi patilasan, katingal ing pangaji-ajinipun. Kados ta dhatêng dhuwung sapanunggilanipun, punika pangaji-ajinipun ngantos mawi sarana dipun kutugi sabên ing dintên sae, limrahipun sabên malêm Jumuwah utawi Anggara Kasih. Dene lèrèging pangaji-aji wau, manawi dipun padosi, sèlèhipun namung angaji-aji dhatêng dêdamêl wau, botên wontên ingkang tumônja dhatêng sanèsipun malih.

[Grafik]

Têtiyang Grêsik wontên ing sêndhang suci.

Môngka manawi dipun petani, pangaji-aji wau pancènipun ugi mawi angèngêti dhatêng ingkang ngangge kala rumiyinipun, tamtunipun tumrapipun gêgaman, manawi pancèn asli turunan, inggih saking bapa, êmbah sapanginggil. Nanging nyatanipun botên kocap babarpisan.

Sapunika ing bab patilasan, punika pangaji-ajinipun tumuju dhatêng ingkang gadhah patilasan, upaminipun patilasan ing dhusun Sêpi, bawah Grêsik, ing ngriku tansah dados pajirahanipun tiyang kathah, prêlu pados brêkah, amargi ing ngriku punika, kala rumiyin nate kagêm musawarataning para wali. Ing kalanipun badhe musawaratan, para wali sami asêsuci wontên iing. sêndhang, ingkang sêndhangipun wau lajêng katêlah nama sêndhang Suci, malah katut dados namaning dhusun. Pangaji-aji ingkang makatên punika kenging dipun wastani botên mêlok.

Wontên malih ingkang jiyarah dhatêng pasareyan, punika mênggahing sêdya, salugu tumuju dhatêng ingkang sumare.

Tindak sadaya wau, manawi dipun manah lêbêt, lèrèging kajêngipun sami anggêpok raos kabatosan. Dene mênggah pikantukipun, tamtunipun gumantung wontên ingkang sami nglampahi piyambak-piyambak.

Sayêktosipun pangaji-aji ingkang kados makatên [maka...]

--- 1323 ---

[...tên] punika, saya dangu saya suda, malah tumraping para neneman kathah ingkang sampun botên nindakakên. Manawi tumrap bangsaning tirakatan, sanadyan taksih kathah ingkang nindakakên, nanging tumanjanipun lajêng dhatêng kasênêngan, punika limrah.

Nanging tumrap pangaji-aji dhatêng barang ingkang dipun wastani kina, punika raosipun lajêng pinanggih beda, ing ngriku ingkang dipun èngêti lajêng tiyang ingkang ngangge, utawi kanggenipun barang wau. Kados ta upaminipun tiyang gadhah tilaran barang warni ajang, punika manawi ajang wau dhumawah ing anak putu, lajêng sagêd nuwuhakên rêraosan: ajang iki dhèk biyèn diagêm êmbah. Sanadyan tumrap ingkang sanès ahli waris, upaminipun tiyang manggih panjang jaman Majapait, inggih sagêd angraosi: iki dhèk biyèn tau dadi ajange wong jaman Majapait. Makatên sapanunggilanipun. Dados botên wontên pangaji-aji ingkang araos lêbêt kados ing bab pangaji-aji tumrap dhatêng gêgaman, patilasan tuwin pasareyan.

[Grafik]

Jôntra kina ing nagari Walandi, ingkang nuju katindakakên ing damêl.

Cêcariyosan ing bab barang kina, tumrapipun bôngsa Jawi, katingalipun botên patos kawigatosakên. Môngka manawi mirid dêdongengan kina, inggih wontên barang-barang ingkang dipun aji-aji wau, nanging limrahipun namung pinanggih wontên ing karaton. Dados tumraping tiyang limrah, anggènipun botên nindakakên, bokmanawi jalaran saking botên patos dipun gatosakên. Awit saupami dipun wastani botên gadhah, nama anèh, amargi barang ingkang sagêd tumurun punika botên namung ingkang barang mas intên kemawon.

Manawi tumrap bôngsa Eropah, ngaji-aji barang kina punika katingal kawigatosakên, kados ta ingkang pinanggih wontên ing nagari Walandi, ing ngriku wontên satunggiling jôntra ingkang umuripun sampun 400 taun, inggih punika jôntra ingkang pinanggih sêpuh piyambak ing nagari Walandi. Ngantos sapriki pirantos wau taksih dipun angge, saha ingkang nindakakên turunipun ingkang damêl jôntra sakawit.

--- 1324 ---

Jôntra ingkang kados makatên punika tamtu lajêng sagêd anênangi dhatêng raos angèngêti dhatêng lêluhur. Malah kadosdene araos gêsang.

Wontên malih mriyêm kina kêkalih ugi ing nagari Walandi. Mriyêm wau kala ing kina, pirantos kangge suka sasmita, samôngsa mungêl, nandhakakên wontên bêndungan bêdhah. Nanging sarêng sapunika ing nagari Walandi sampun botên nguwatosakên bêbaya ingkang kados makatên, jalaran sagantên-sagantên sacakêting dharatan sampun dipun sat, mriyêm wau lajêng botên kangge, mriksanana gambar ngandhap punika.

Mriyêm wau sanadyan botên gadhah jiwa, lajêng katingal kadosdene tiyang ingkang sampun jompo. Ing ngriku katingal, kala taksih kangge ing damêl, mriyêm wau tamtu dipun wigatosakên sangêt dening tiyang sanagari.

Dados cêtha bilih ngaji-aji barang kina punika beda kalihan raosing pangaji-aji ingkang lèrèg dhatêng kabatosan. Tumrap ngaji-aji barang kados gadhah raos gêsang.

Ha.

[Grafik]

Ing sisih punika gambaripun têtiyang nuju sami lêlumban numpak baita wontên ing talaga Rano, Palembang. Toyaning talaga wau katingal akimplah-kimplah kadosdene bangawan ingkang toyanipun nuju bêning.

--- 1325 ---

Panglipur Manah

Èwêd ing Pamilih

Mijil

aku besuk manawa arabi / tak milih sing jêmpol / nanging rèhning jaman kaya ngene / bangêt ewuh ênggonku amilih / kabèh-kabèh apik / sarta bêsus-bêsus //

yèn miturut jamane saiki / yèn rabi cah wadon / durung sastra lan kabisan duwe / mêsthi ewuh nèng jaman saiki / ora wurung kèri / lan tan bisa kumpul //

luwih enak aku tak amilih / bocah kang wus boncoh / maca nulis etung sapadhane / apês bae tamat ôngka kalih / kaya wus nyukupi / yèn urip nèng dhusun //

tur ya uwis sathithik mangrêti / marang unggah-unggoh / yèn mung nyambêl masthi bisa bae / dikon gawe bêstik kang angglabit / masthi banjur inggih / awit wis sinau //

nanging bocah ing jaman saiki / adat sing kalakon / kabisan sing kaya ngono kuwe / malah banjur rada ngêgrêg-grêgi / tur bisa ik rong ik / iku jur kumayu //

yèn anyandhang dadak nganggo milih / moh lurik lan blongsong / masthi jaluk luwih pêpadhane / apês bae jaluk klambi paris / tapih garis miring / sandhal rada dhuwur //

môngka masthi bae banjur suthik / ngliwêt mênyang pawon / yèn diêtag mêtu wangsulane / nyêkêl munthu iku muni jijik / wêgah mambu trasi / we aku rak kojur //

yèn mangkono tah anggagas salin / apa ya kang notog / dene pijêr kandhêg -kandhêg bae / nganti bingung wis wis ing saiki / bêcik golèk malih / lah tak rabi babu //

rumasaku tan ana tumandhing / bayare satenggok / upamane têkan êdhis lèrèn / celengane masthi wus sasênik / cukup kanggo urip / nganti têkan besuk //

salagine ngrumat bocah masthi / bisa dadi jêmpol / awit uwis kulina watake / para bocah ingkang isih cilik / ngêmban masthi wasis / awit uwis tau //

ning cacade rabi babu kuwi / nèng pawon ra enjoh / awit durung wêruh ing carane / mungguh patrape wong angladèni / olah-olah apik / masthi bae kidhung //

upamane kon anjangan bêning / trasine sabathok / yèn mangkono masthi dadi rèwèl / upamane dikon gawe bêstik / duduhe sak kwali / mung marahi nêpsu //

yèn mangkono tak amilih koki / iku masthi katog / dikon olah apa-apa bae / masthi bisa dadi enak gurih / sapa diladèni / masthi jur ngêthêkut //

nanging cacade wong rabi koki / masthi ngajak boros / awit olah-olah bumbu akèh / prêlune mung karbèn bisa gurih / awit manuh kriyin / kala durung cucul //

nanging enak ora ana malih / rabi bakul êndhog / yèn kapênêr bathine lwih akèh / sabên dina dodol sugih dhuwit / sêsambènku masthi / nyêplok dhog sathekruk //

ning kocanpakocapa. bakul êndhog kuwi / yèn nyang pasar adoh / sasat aku tunggu omah bae / ora wêruh cara mrentah rabi / ngono

--- 1326 ---

iku masthi / rêkasa atiku //

yèn mangkono aku luwih bêcik / rabi uwong dodol / kaya-kaya ora ana manèh / dodol sêga gudhêg iwak pitik / bèn asor sathithik / tuna-tuna tuwuk //

awit cukup pawitan sathithik / kanggo nêmpur uwos / godhong kayu cukup golèk dhewe / êmung kari wuwuh tuku pitik / tur yèn nuju laris / rong jam uwis mantuk //

sanajan tunaa kae mêsthi / mangan dhadha mênthok / yèn mênêri lagi nuju jèblèk / sêga gudhêg lawan iwak pitik / turahe sakwali / aku malah sukur //

ning cacade bakul sêga kuwi / masthi bangêt kotor / godhong-godhong dilap nèng tapihe / nèk kapênêr dilapake klambi / nganti mambu têngik / ra tau di wasuh //

yèn mangkono aku iya suthik / rabi kaya ngono / luwih bêcik rabi tani bae / sandhang pangan trima mung sathithik / ora milih apik / waton bae cukup //

ning kocapa yèn kon garap sabin / aku ora enjoh / awit aku ora tau tate / mluku garu macul ambanjari / masthi disrêngêni / dening marasêpuh //

yèn mangkono aku dak golèki / sing darah kêdhaton / iku masthi alus gaweane / tur awake masthi tansah rêsik / awit mung ambathik / srimbit ngalor ngidul //

masthi bae yèn turun priyayi / gunêm ora trocoh / tur anake bisa antuk radèn / masthi bae kajèn kanan keri / awit isih asli / apêse mas agus //

ning kocapa turun radèn kuwi / pangan ora dhokoh / ora arêp anggêr matêng bae / masthi jaluk ingkang apik-apik / gawe kasar suthik / nèk ngono rak kojur //

yèn mangkono aku masthi suthik / rabi darah kraton / apa milih uwong ngêmis bae / sanajan ta ora duwe dhuwit / masthi bisa bukti / awit olèh jaluk //

luwih susah rasaning wong ngêmis / awit tansah ngloyong / esuk sore tansah mlaku bae / tur akèh cah cilik kang gêthing /Kurang satu suku kata: tur akèh cah cilik ingkang gêthing. akèh kang moyoki / apa ora rikuh //

kabèh-kabèh ora anocogi / rasaning tyas ingong / apa iya ngalam donya kene / ora ana wong kang anocogi / karo ati mami / lah rak sida wurung //

yèn mangkono aku ora rabi / awit bisa ngêtog / nguja ati sakarêp-karêpe / ora bakal ana kang nyrêngêni / sênênging ati /Kurang satu suku kata: sênênganing ati. masthi bisa tutug //

nanging kabèh kang uwis dak pikir / dosa mring Hyang Manon / awit tansah mikir anèh-anèh / anggêgagas ingkang ora apik / ngècèr-ècèr pikir / lan wong kang katuju //

môngka bojo iku kang maringi / iya mung Hyang Manon / nadyan aku golèk salawase / masthi datan olèh kang nocogi / karo ati mami / yèn durung jinurung //

yèn mangkono dak pasrah Hyang Widi / gonku golèk bojo / masthi Gusti bakal marêngake / sapa ingkang pasthi bojo mami / masthi dak arêpi / kanthi suka sukur //

Kula pun G.

--- 1327 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab têmbung-têmbung: Indhonesiah tuwin Indhonesiêr.

II.

Petruk : Ambanjurake rêmbuge lagi dina Sabtu kang kapungkur, kang Garèng, miturut pangandikane Tuwan Sutarja, dupèh têmbung Indhonesiêr kuwi kêrêp digandhèngake karo angên-angên: lêpas saka Nèdêrlan, utawa kêrêp uga sok ditêgêsake: ngomunis, têmtune banjur akèh sing padha gumun: ingatase P.P.B.B. kuwi pakumpulane para priyayining pamarentah, têka arêp ngaturake usul nyang pamarentah, supaya ing wèt, undhang-undhang lan layang-layang opisil, kaparênga migunakake têmbung-têmbung: Indhonesiah, lan Indhonesiêr, lo, kiyi apa P.P.B.B. ora banjur kayadene anduwèni trajang: ngomunis, ora-orane iya sajak arêp ambantu angên-angên: lêpas saka Nèdêrlan.

[Grafik]

Garèng : Wah, iki anggone golèk-golèk nganti têkan jêrohane babarpisan, saya le ora mèmpêr, padhane rak mêngkene kae, ana para mudha, iya lanang iya wadon, padha sinau... anjogèd. Sabab miturut panêmune para mudha mau, saiki kiyi jamane padha ngudi nyang kaluhuraning kabangsan, dadi iya wis mêsthi banjur ngudi mênyang kaluhurane kagunane dhewe. Apa iya ora diarani golèk-golèk sing nganti ngêpok têkan ngêrose pisan, saupama banjur ana wong ngarani: wah, para mudha-mudha kiyi gênah kandhidhat... royal, para nonoman-nonoman lanang ing besuk mêsthi ngiyib nyang... tayuban, dene sing wadon-wadon ing besuk gênah dadi... tlèdhèk. Hara, apa mèmpêr kiyi. Wong mau rak ora mikir sathithik-sathithika [sa...]

--- 1328 ---

[...thithik-sathithika] marang owahing jaman. Mulane aku rada kêpengin krungu mungguh sing dadi alasane Tuwan Sutarja tumrap pandakwa-pandakwa sing ora enak kuwi, mara Truk, tuturna nyang aku.

Petruk : tindake P.P.B.B. duwe usul supaya angganti têmbung: Inlandhêr dadi: Indhonesiêr, kajaba kanggo nuruti kêkarêpane rakyat wong bumi saumume, awit kaum: nun inggih sêndika, tumêkane kaum: tidhak pêrdhuli, pisan uga rak wis salaras karo kuwajibane priyayi pangrèh praja, kanggo anggayuh sêsrawungan kang bêcik antarane sawarnaning bôngsa kang dêdunung ana ing tanah kene kiyi, luwih-luwih kanggo anjaga katêntrêmaning atine wong kang saikine rada garuh...

Garèng : bênêr bangêt, Truk, iki wangsulan sing maton têmênan. Awit jarene kaprêcayane rakyat mênyang para priyayine kuwi saiki rada kobol-kobol, têgêse: wong cilik wis ora pati prêcaya nyang priyayine, hla, saiki murih wong cilik bisa prêcaya manèh nyang priyayine kaya sing uwis-uwis, si priyayi sathithik-thithik iya kudu nocogi karêpe wong cilik. Ngrêtia, Truk, jalaran saka tansah owah-owahing paprentahan ing kene kiyi, kang anjalari pagaweane priyayi pangrèh praja saya suwe saya ngundhung-ngundhung, luwih manèh tumrap pagawean tulisan, sing pancène dhèk biyèn kudu kliling anjajah bawah wêwêngkone, saka akèhe pagawean tulisan, kapêksa kudu anjingkrung ngadhêpake garapan tulisan umbruk-umbruk, sanandyan ora lali pacitan bakaran budin, ning iya nganggo mêrtega, lo, wong iya priyayi. Nanging saya kurang anggone ngulilingi jajahane mau, rak saya kurang têpunge wong cilik mênyang priyayine. Saya kurang têpunge wong cilik nyang priyayi, iya saya kurang katrêsnane. Paribasane Walônda bae wis ana, yaiku: onbekend maakt onbemind, têgêse: nèk ora têpung iya ora trêsna. Dhèk biyèn bae aku kêpriye, sadurunge têpung karo bakyumu makne Poniyêm, wah, anggonku nacad rete-rete: hla, prawan kathik kêndhêrag-kêndhêrêg, klêlar-klêlêr, nanging barêng wis têpung, wis ngrasakake èsême, wis nitèni lakune sing: sêmplak-sêmplak, apa manèh barêng wis di: êmas, êmas, saikine ambok diijoli wong wadon sing kaya widadari, kanthi ditomboki motor lan dhuwit f 10,00, kiraku iya mêksa: dhêg-dhêgan dhing.

Petruk : O, Hla sambêr gêlap, wong tuwa ora urus têmênan ane, ana kok banjur sajak arêp owah pikirane mêngkono.

Garèng : Lho, kuwi aku mung arêp anggambarake anane jaman saiki. Sing wong bêbojoan kang trêsnane prasasat mimi lan mintuna, nèk ora kabênêran, sok bisa kêpelut nyang sing ora-ora, mêngkono uga tumrape priyayi pangrèh praja. Dhèk biyèn wong cilik mênyang para priyayi kuwi, ora mung wêdi, nanging uga anduwèni trêsna. Awit sêsrawungane priyayi lan wong cilik kuwi dhèk biyèn rada rapêt, nganti sabên wong bawahe mêsthi wêruh: wêwatêkane, tatacarane, dalasan tingalane bae, bawahe

--- 1329 ---

padha wêruh kabèh. Jalaran, dhèk biyèn priyayi kuwi ora tungkul jingkrung nulis ana ing kantorane, nanging akèh wêktune kanggo nglilingi tanah wêwêngkone, sawanci-wanci bisa tlusupan turut desa, nganti priyayi jaman biyèn kuwi apil bangêt mênyang kaanane desa-desane, ngêndi desa sing akèh wong burêng, sing akèh wonge sugih, wong sing mlarat-mlarat, malah priyayi jaman biyèn iya priksa bae desa sing akèh wonge jing... sêmêlir. Dhèk biyèn kuwi, iya Truk, nganti têtingalane priyayi sing ambawahake, wong-wonge padha wêruh kabèh, awit biasane nèk dhong tiba dina wiyosane, wong-wong bawahe sok bisa olèh kasênêngan, jalaran biyasane ing dina iku ing kawêdanan utawa ing ngasistenan, sok dianakake: tayuban, utawa wayangan. Dadi kala samono wong cilik kuwi, sathithik-sathithike salapan dina sapisan mêsthi sok wêruh nyang priyayine, mulane iya sok manjing katrêsnane. Barêng saiki, sabab saka akèhe pagaweane tulisan, iya wis arang bangêt kaliling nyang desa-desa bawahe. Sanadyan kalilinga, wêruhe wong-wong bawahe iya mung saklebatan, wong iya nang ngêndi-êndi mung nitih motor, bisane wong-wong bawahe nitèni, nèk rada nganèh-anèhi, upamane bae: brêngose caplang, utawa sok kagok Walônda, banjur sok diparabi: dara wêdana caplang, dara wêdana pêrdhom, lan sapiturute. Nèk jaman saiki kiyi, lagi wujude bae wong-wong bawahe sok ora wêruh, apa manèh wiyosane priyayine wêruha. Kajaba jaman saiki kiyi kasênêngane dara-dara priyayi kuwi wis beda, jalaran saya mungkrêt-mungkrête blanjane, iya wis mêsthi bae ora bisa, yèn nuju wiyosan saiki dikon: tayuban utawa wayangan. Ing sarèhne nyara kuna, jalaran saka tumpuk-tumpuking pagawean lan saya suwe saya dithèthèli blanjane, wis ora bisa manèh, mulane saiki iya kudu golèk dalan liya, supaya bisa disênêngi nyang wong-wong umume. Saiki wong-wong umume wis ora sondèl diarani: inlandhêr, panjaluke supaya disêbut: indhonesiêr, mulane apa iya wis ora mêsthine, yèn saiki pakumpulan P.P.B.B. sing wajib usul marang nagara prakara gantining têmbung-têmbung mau. Dadi P.P.B.B. yaiku pakumpulane para priyayi pangrèh praja, sanadyan namung saupit kae, rak wis jênêng awèh marêm marang rakyat, sing saikine sajak wis ora sondèl bangêt diarani: inlandhêr. Iki têgêse: sathithik-sathithik P.P.B.B. wis awèh dalan baline kaprêcayaning rakyat mênyang para priyane.

Petruk : Iya, nèk pancèn ana pikiran mêngkono. Têgêse: ana pikiran sing nêtêpake, yèn priyayi pangrèh praja lugu dadi panuntuning rakyat, iya wis mêsthine, yèn ratyatrakyat. kudu anduwèni asih lan prêcaya mênyang sing ambawahake, hla, nèk priyayi mau mung dianggêp amtênar lugu, karêpe: anggêre nindakake kuwajibane bae, ora prêlu nutar-nuturi, ora prêlu nuntun-nuntun nyang sing dibawahake, kaya-kaya rak iya ora prêlu kudu sêmang nganggo diprêcaya lan nganggo ditrêsnani dening bawah wêwêngkone. Ning prakara kiyi dijugag samene bae dhisik, liya dina dibanjurake manèh.

--- 1330 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS

TANAH NGRIKI

Sêkolahan pangadilan luhur. Rara R.A. Soepratini lan R.A. Soemiah, sami lulus candidaat-examen ingkang kapisan, ing sêkolahan pangadilan luhur ing Bêtawi.

[Grafik]

Pahargyan P.P.B.B. nalika tutuping Congres badhe pêpisahan (andum damêl).

Sultan Asahan. Ing dintên Rêbo kala wingi punika Sultan ing Asahan, tindak dhatêng Bogor prêlu audentie ngadhêp Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Guprênur Jendral.

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Guprênur Jendral. Sêrat kabar Javabode martosakên, ing taun ngajêng Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Guprênur Jendral badhe tindak dhatêng tanah sabrang, inggih punika: Molukken, Celebes lan Ternate.

Nyatunggalakên pakaryan sarêm lan candu. Wontên pawartos, budget-commissie angrêmbag bab badhe nyatunggalakên pakaryan sarêm lan candu. Ingkang sami mêdhar sabda: paduka tuwan Ir. De Jong, Directeur G.B., Paduka Tuwan De Leeuw, Directeur Financien. Dene bab tatanan enggal wau ingkang nêrangakên paduka Tuwan Muhlenfeldt, Directeur B.B. Bab provincie dening paduka Guprênur Shnitzler, bab candu dening paduka Tuwan Steimetz saha bab sarêm dening Inspecteur pakaryan sarêm.

Wohing pangrêmbag sarujuk.

Kabudidayanipun Nationalisten. Wontên pawartos, kaum Nationalisten ing Jakarta badhe ngêdêgakên satunggiling drukkerij, prêlu kangge nyithak sêrat kabar ariwarti.

Kangge kaprêluwanipun kabudidayan wau, kabaripun badhe ngawontênakên Naamlooze Vennootschap ingkang sarana ngawontênakên pokok f 50.000 saha kabage-bage dados andeel, ing saandeelipun rêgi f 2.50.

Ingkang anindakakên para ingkang sampun ahli bab wau. Dene ingkang badhe mandhegani sêrat kabaripun Ir. Soekarno, kabiyantu dening Moh. Jamin lan Abd. Manap.

Bilih sampun sagêd kêklêmpak arta f 15.000, ing taun ngajêng badhe kawiwitan.

Pocotan punggawa. Ing kantor afd. Herbarium departement Landbouw wontên 12 punggawa ingkang sampun dipun sukani sumêrêp badhe kapocot saking padamêlanipun wiwit wulan JanauariJanuari. 1933. Punggawa 12 wau anggènipun nindakakên padamêlan sampun dangu watawis 10 taun dumuginipun 20 taun. Ingkang makatên punika radi nama anèh, jalaran punggawa ingkang sampun nyambut damêl 30 taun, dados sampun pantês dipun pènsiyun, botên dipun kèndêli, wusana tiyang ingkang dèrèng wancinipun pènsiun sampun badhe dipun pocot.

Miturut wara-waranipun Pamarentah, punggawa ingkang kêdah dipun kèndêli langkung rumiyin inggih punika punggawa ingkang sampun nindakakên padamêlan sakêdhik-sakêdhikipun 25 taun sarta umuripun sakêdhik-sakêdhikipun 45 taun. Mangka ing kantor afd. Herbarium wau wontên satunggilipun punggawa ingkang sampun nyambut damêl langkung saking 30 taun, sarta umuripun mèh 70 taun, ewasamantên inggih botên dipun kèndêli. Lo, punika rak nama nyêbal pathokan.

Persdelict Berita. Tuwan Roestam Soeltan Palindih, Redacteur Berita, ingkang kaukum 6 wulan dening landraad ing Padang, ing sapunika nyuwun ampunan.

Angsal-angsalaning panyadean candu mundur. Panyadean candu ing Krawang, katandhingakên kalihan angsal-angsalanipun ing taun ingkang kapêngkêr mundur f 1000.-

Juru misaya ulam bangsa Jêpan. Landrechter ingriki sampun andhawahakên ukum dhêndhan dhatêng juru pamisaya ulam bangsa Jêpan. Pirantos-pirantosing pamisaya ulam wau sami dipun risak. Baitanipun rêrêgèn f 10.000. Bab wau nyuwun ampunan, nanging botên kaparêngakên, awit prakawis angrisak pirantos punika wau, kuwajibanipun pulisi.

Suduk-sudukan. Wontên pawartos, opsir kapal klas 2 Tuwan Tohiti kasuduk saking wingking dening tiyang siti, ugi punggawa kapal ngriku. Opsir Tohiti lajêng gêntos nyuduk tiyang wau. Wusana sampyuh sami tatunipun. Salajêngipun sami kabêkta dhatêng griya sakit ing Pêtamburan.

Wontênipun kadadosan makatên, jalaran punggawa tiyang siti wau kadakwa mandung.

Prakawis èstri. Sawatawis dintên ingkang kapêngkêr, ing wanci dalu wontên satunggiling Walandi pranakan nama Tuwan Van der Meulen, tukang main kroncong ingkang sampun kasuwur ing tanah ngriki. Nalika badhe wangsul dhatêng griyanipun ing Gang Wêdana 2, Sawah Bêsar (Batawi), wontên ing margi dipun kroyok tiyang siti kêkalih, kagolok, kenging sukunipun ngantos tugêl. Tiyang ingkang nganiaya wau dèrèng pinanggih.

Kuli kontrak kawangsulakên. Kantor van Arbeid nêrangakên, bilih ing salêbêtipun wulan Sèptèmbêr cacahipun kuli kontrak ingkang kawangsulakên wontên 2127 tiyang, inggih punika saking Sumatra's Oostkust 1028, saking Acèh 99, saking Tapanuli 16, saking Sumatra's Westkust 384, saking Bêngkulên 196, saking Lampung 26 lan saking Palembang 213. Kuli kontrak Veda arbeiders ingkang kawangsulakên wontên 882 tiyang. Kajawi punika taksih wontên malih kuli kontrkkontrak. ingkang kawangsulakên inggih punika saking Niew Caledonie 42, saking Britsch Noord Borneo 40, saking Ferderale Maleische Staten lan Straits 12 sarta saking Sêrawak 2.

Kaukum jalaran badhe mêjahi tiyang. Krijgsraad ing Padang sampun andhawuhakên ukuman kujarakunjara. 5 wulan dhatêng satunggaling saradhadhu bangsa Mênadho nama J. Lilemboto, jalaran saradhadhu wau kalêpatan ngrekadaya badhe mêjahi satunggiling sêrsan mayor ing Acèh.

Nyuda kuli. Kados ingkang sampun kasumurupakên ingakathah pamêdalipun pamêlikan ing Bukit Asêm botên timbang lan wragadipun, wontênipun namung anjalari kapitunan kemawon. Ja-Halamana selanjutnya tidak ada.