Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-12, #1647

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1932, #1647
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-01, #1647. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1470.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-02, #1647. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1471.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-03, #1647. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1472.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-04, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1473.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-05, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1474.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-06, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1475.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-07, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1476.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-08, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1477.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-09, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1478.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-10, #1647 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1479.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-11, #1647. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1480.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-12, #1647. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1481.

Ôngka 99, 11 Ruwah Dal 1863, 10 Dhesèmbêr 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1557] ---

Ôngka 99, 11 Ruwah Dal 1863, 10 Dhesèmbêr 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Tatwawara - Pulisi Èstri - Santun-sumantuning Kawontênan Praja Mangkunagaran Surakarta - Pasulayan Jêpan kalihan Tiongkok - Bêbaya Prahara - Molah-malihing Piandêl - Sudaning Rêginipun Arta Pondsterling - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Tatwawara

[Dhandhanggula]

Kêdhung jêro kêna dèn jajagi / atining wong tan kêna linômba / mangkonèku bêbasane / nanging janma linuhung / kang wus mêngku karaton gaib / kabèh-kabèh kasrambah / kambah wus kawêngku / dadi nora milih papan / kêdhung jêro iya kêna dèn jajagi / kajajah lir jarambah //

ingkang aran sujanma linuwih / angluwihi sêsamèng tumitah / iku kang luwih lakune / luwih budine punjul / luwih suci luwih tyas wêning / luwih wêruh ing pilah / luwih kang ginayuh / nadyan katempelan donya / mung kinarya sasab sêsintruning luwih / luwih panêmbahira //

rina wêngi gung dènnya sêsaji / tansah ngadhêp anèng pangayunan / tan towong ajêg sowane / manawa antuk dhawuh / sigra-sigra dèn laksanani / kalawan sukuring tyas / kêbêsa ing banyu / panasa dening dahana / nora mundur andêdêr nglakoni wajib / rampung tanpa sangsaya //

ewuh-aya pêprincèning urip / yèn ginêlar galur lir lar-laran / nglangut pêplês bacut bae / ing ngêndi pantogipun / toging ngêndon nora udani / tiwas tanpa pituwas / wasana mung wuwus / kèwês wasis apus krama / kang ginulang linantur kinarya bindi / paran bisa tumêka //

--- 1558 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Pulisi Èstri

IV.

Garèng : Ayo, Truk, padha dibanjurake rêmbugane lagi dina Sabtu kang kapungkur. Kowe ngusulake supaya wong wadon diangkat dadi kumêndhan pèl pulisi, awit nèk wong wadon kirane ora pati dhêmên dialêm. Apa mêngkono umume wong wadon, kuwi êmbuh ora wêruh. Nanging nèk bakyumu, ê... wèh, karêpe apa-apa iya anjaluk dialêm ajêgan, wong mung anjangan lumbu bae, saupama aku banjur muni lo, jangane lumbu kok rada gatêl. Hla, kuwi iya klakon rê... muk,... wadhahe jangan lumbu, nanging nèk aku muni: wah, rasane... rohmating Pangeran, gêdhening atine iya sagumuk têmênan. Utawa manèh yèn mêntas motongi klambi, aku banjur rasanan: E, kok rada nyikil gajah alias ambalêmbêng. Sanalika klambine iya banjur: wè... k, dadi sêjinah potong. Kosokbaline nèk banjur tak unèkake: Wadhuh, potongane kathik andhandhing kaya leo, hla, kuwi saka bungahe, nganti wis turu kêpati, aku mêksa isih dijaki mèsêm. Luwih-luwih, Truk, nèk wis pupuran, kok banjur tak aruh-aruhi: Wadhuh, le klimis, le alus, nganti lêmut mencok, bisa kêplèsèt. Lo, kuwi saka bungah lan gêdhening atine, nganti wis tau kalakon, pupure... pindhah nang raiku kabèh.

[Grafik]

Petruk : Wiyah, anggonmu anggambar bakyu kuwi sajake kok le ga... lik. Nanging kirane sing kaya ngono kuwi iya mung bakyu dhewe, buktine adhimu Makne Kamprèt kae, wah kuwi nyang dialêm wis ora sondèl bangêt. Wong wis tau kalakon, lêlungan karo aku anggone dandan mung prasaja bae, kuwi banjur tak [ta...]

--- 1559 ---

[...k] alêm: Wah, wong iya bojoku, ora prêlu macak gajah, dhasar sumèh polatane, nang ati iya tansah ngrêsêpake. Tak unèni mêngkono kuwi, wangsulane: Anjêlèhi, nanging wiwit kalasamono, sanadyan untune salarik... umat kabèh, anggêr tak parani iya... sumèh ajêgan.

Garèng : Kuwi arane iya sêbenggol têlung dhit, karêpe iya padha-padha anggone sênêng dialêm, mung bae beda-beda anggone anglairake sênênge atine. Mulane mungguhing panêmuku, wong wadon kuwi kadhangkala malah sok luwih doyan dialêm katimbang wong lanang. Dadi saupama olèh pangkat dadi kumêndhan pèl pulisi, bokmanawa anggone golèk alêm iya ngluwih-ngluwihi katimbang wong lanang, dadi nèk gawe rêpotan nyang pandhuwur, ora kaya saiki: kala dintên anu pèl pulisi, kabantu dening pangrèh praja, sampun anyêpêng kapala rampog... nanging: kala dintên anu pèl pulisi piyambak, sampun anyêpêng kapala rampog. Hara, pambiyantune priyayi pangrèh praja rak malah diêpringake babarpisan. Dene unimu, sabab kumêndhane pèl pulisi wadon, sabanjure gawe rêpotan kêpriye-kêpriye, dara sêtèn mung bèn, bèn, bae, sabab mêlas, hla kuwi rak nèk dara sêtène wis ora mênggalih undhaking drajate, utawa: dara sêtèn karo jipro kumêndhan sêsobatane wis... pring padha pring. Nèk durung samono, kiraku kumêndhan pèl pulisi wadon kuwi malah gawe rèwèl.

Petruk : Cêkake kowe iya ora mupakat manèh, ta. Jarene cocog saupama wong wadon didadèkake pulisi, barêng aku ngarani pangkat pulisi rupa-rupa, ora ana siji-sijia sing dimathuki. Hla, pangkat kapulisèn sing kêpriye, sing ayage mathuk kanggo wong wadon. O, iya, iya, wis nyandhak aku saikine, cêkake pancèn iya ora ana pangkat pulisi sing srêg bangêt saupama ditindakake wong wadon kayadene pangkat: osar-asir (rechercheur), sabab kuwajibane wong dadi osar-asir kiyi akèh, kaya ta: kudu bisa laku sandi, bisa simpên wadine, kudu micara, kudu bisa manjing ajur-ajèr, lan sapiturute. Ing môngka kuwi kabèh wis dadi wêwatêkan utawa dhêdhasare wong wadon. Buktine wong wadon bisa laku sandi: esuk-esuk wong lanang mangkat nyang kantor, wong wadon nguntabake têkan lawangan, jam loro wong lanang mulih saka kantor, wong wadon lagi ithuk tata dhahar, satêruse ora tau katon le mingsêr saka omah, dadi sajake pancèn iya wong wadon mugên têmênan. Nanging sawijining dina barêng diajaki lêlungan, ora bisa, jalaran... suwênge mlêbu ing gadhèn. Barêng dirintih kanggo apa dhuwite, suwe-suwe blaka: Kanggo main. E, tak arani iya mugên ora tau lunga-lunga, jêbulane yèn wong lanang nyang kantor, mrêlokake... adu pinci nyang tôngga. Hara, apa iki ora jênêng pintêr laku sandi.

Garèng : Wiyah, wiyah, ora prêlu kok banjur-banjurake rêmbugmu sing ora mèmpêr iki, dupèh ana wong wadon sing sok anggorohi wong lanang mêngkono, banjur kanggo wêwaton, [wêwa...]

--- 1560 ---

[...ton,] yèn wong wadon duwe wêwatêkan lan dhêdhasar bisa laku sandi.

Petruk : Lo, kuwi aku mung arêp ambuktèkake, yèn mula kabênêran, wong wadon bisa dadi osar-asir sing pinunjul têmênan. Buktine ing Eropah bae, ing kana wis nganggokake bangêt mênyang osar-asir utawa juru sandi wadon kuwi, malah kêtatalane wis pirang-pirang, yèn pakolèhe sok bisa ngluwihi wong lanang têmênan. Kaya ta jamane pêrang Eropah, juru sandi sing kêsuwur dhewe anggone ngrugèk-ngrugèkake mungsuh, iya wong wadon, kaya ta nyonyah wedok sing ngaku jênêng Matahari.

Garèng : Wiyah, anggêr nyonyah iya wedok, masa iya ana nyonyah brêngosên. Truk, wong wadon wetanan aja kok padhakake wong wadon kulonan, ning iya tumrape jaman saikine. Sanadyana tumrape bôngsa kulonan, aku kok mêksa ora bisa nêmtokake yèn pagaweaning osar-asir utawa juru sandi, kuwi pagawean kang suci, awit aku mêksa isih ngèlingi yèn atining wanita kuwi tipis, gampang genjong gulinge, kapriye anane... ora prêlu tak dongèngi dawa-dawa, kowe kudu ngrêti dhewe, mulane aku iya mêksa ora bisa mupakat saupama wong wadon didadèkake osar-asir.

Petruk : Wah, hla gèk pangkat pulisi apa bae sing dimupakati. Iya, iya, isih ana pangkat kapulisèn siji manèh sing kanggone wong wadon mêsthi mathuk, mrantasi, cêkake gêsêkik bangêt, yaiku pangkat... garwa pulisi.

[Grafik]

Ratuning Citah. Tumrap ingkang dèrèng mangrêtos, ratuning Citah (sêmbagi) tamtu dipun wastani Citah ingkang sae piyambak. Nanging kajêngipun: tiyang ingkang ayu piyambak ingkang kapilih dening pabrik Citah ing Lancashire, Inggris, ing sabên taun. Ing taun 1932 ingkang jumênêng ratuning ayu, ingkang wontên ing têngah.

--- 1561 ---

Praja Mangkunagaran

Santun-sumantuning Kawontênan Praja Mangkunagaran Surakarta, ing taun 1870 dumugi 1915

Sambêtipun Kajawèn nomêr 98.

Pasamuwan tingalan taun jumênêngan punika mawi lampahing dêdêg, bidhal saking dalêm kapatihan malêbêt ing pandhapi agêng, jinajaran abdi dalêm agêng alit manekawarni, arak-arakan agêng pintên-pintên atus tiyang. Dêdêg wau ingkang ngampil pangulu agêng, ingurung-urung barisanipun rônggasewaka (rôngga dhusun) sikêp waos, kiwa têngên cacahipun satus, ing wingking ginarêbêg para ngulama, pungkasan wingking ambêngan ajad dalêm pintên-pintên dasa jodhang, rinêmbat para bêkêl dhusun, nuntên dipun dongani ing pangulu sarta kabage radin kadosdene wiyosan Akat Lêgèn. Ing pandhapi nginggil wiwit majêng dhahar pista sêsarêngan para tamu, bôngsa luhur Jawi Walandi, dene abdi Mangkunagaran pangkat panèwu mantri, dhaharipun wontên ing èmpèr-èmpèring gêdhong tuwin ing bangsal sakubênging palataran lêlajuran bêbanjêngan, sarêng-sarêng kalihan para priyantun bêktanipun tamu-tamu. Lêlangênipun ugi wirèngan tuwin gambyongan, seruban mêtêngan botên mawi. Antawis jam 1 bibaran.

Dalunipun lajêng pasamuwan dhansah, tamu-tamu kajawi ingkang sampun rawuh siyang wau, wêwah tamu nyonyah-nyonyah pintên-pintên dasa. Mungsikipun kalih prangkat, Jawi tuwin Walandi mungêl gêntosan, tatananipun gôngsa agêng ing pandhapi kapindhah dhatêng bangsal-bangsal ngajêngan. Antawisipun jam 4 enjing sawêg bibaran.

Lêt sadalu pasamuwan malih nama ôndrawina. Abdi dalêm agêng alit punapadene lesiyun ingkang sampun pangkat kopral minggah, sami sowan mangangge rasukan sikêpan pêthak, sowanipun ing pandhapi nginggil lesehan, namung putra dalêm ingkang kalilan lênggah kursèn, nanging botên mawi nyêdhahi tamu tuwin abdi ingkang bôngsa Walandi. Lêlangên wirèng, gambyongan, lumbungan, seruban abdi mêtêngan. Lumbungan makatên ringgit dhusun, saking bawah tigang apdhèling wau kaklêmpakakên, sandhang panganggenipun kaparingan sami, kintên wontên 60-70 anjogèd gambyong sarêng-sarêng. Sarèhning ringgit dhusun ingkang kathah-kathah dèrèng utawi botên mangrêtos irama jogèn nagari, dados namung pating jligud pating karêmbyah sakajêngipun piyambak, mila lajêng karan lumbungan. Antawis jam 1-2 dalu sampun bibaran.

Enjing samiyos dalêm ing pandhapi wêkdal pasamuwan agêng tingalan jumênêngan, sadèrèngipun baris kakirapakên, para upsir lesiyun sêsarêngan minggah ing pandhapi cêlak palênggahan dalêm, pangagêng kolonèl angunjukakên kasugêngan dalêm. Panjênêngan dalêm kangjêng gusti jumênêng matêdhakakên tarima kasih kalihan têmbung Jawi: krama. Saunduripun para upsir nuntên bupati patih gêntos majêng sêsarêngan kalihan sadaya ingkang pangkat mantri minggah nagari dhusun, lampah dhodhok, ngunjukakên kasugêngan dalêm [da...]

--- 1562 ---

[...lêm] sakukuban. Dhawuh dalêm paring tarima kasih kalihan basa Jawi: ngoko. Saha botên jumênêng, lajêng dipun dongani ing pangulu agêng, minôngka pamuji widada jumênêng dalêm. Pungkasan nuntên para tuwan-tuwan Walandi sindêr-sindêr sapanunggilanipun abdi Mangkunagaran, majêng sarêngan angunjukakên kasugêngan dalêm: têmbung Malayu. Dhawuh wangsulan dalêm ugi têmbung Malayu saha jumênêng saking palênggahan.

[Grafik]

Pabrik sêrat nanas ing Majagêdhang.

Nuntên jêngkar saking palênggahan miyos ing palataran, niti priksa satunggal-satunggaling prajurit lesiyun, kêmput botên wontên ingkang kalangkungan. Bibar mariksani kiraping baris lesiyun, nuntên wangsul lênggah ing pandhapi kalihan anampèni rawuhipun tamu pangeran-pangeran Kasunanan, rawuhipun sarênti sami ngaturakên kasugêngan dalêm.

Mangsuli bab dêdêg (ukuran jumênêng dalêm) dêdêg wau adhapur gilig lêncêng, panjangipun inggih saukur inggiling sarira dalêm, dene ingkang dipun damêl êmas, suwasa tuwin salaka. Sabibaring pasamuwan lêt sawatawis dintên, samôngsa sampun dipun têngkêr-têngkêr saprayoginipun, lajêng kaparing-paringakên dhatêng para abdi dalêm ingkang pangkat wadana, kaliwon sasaminipun ngantos waradin. Makatên ing sabên taun-taunipun sabibaring pasamuwan tingalan jumênêngan jaman samantên.

Lajêng sapunika tatingalan wiyosan taunan, pasamuwanipun sami kadosdene tingalan jumênêngan, kaotipun amung botên mawi arak-arakan lampahing dêdêg.

Ing wulan Ramêlan sawulan muput, sawarnining pasamuwan tutup kaliburakên, amung dhawah ing dintên malêman sêlikur pasowanan pêpak, barisipun lesiyun tanpa dêdamêl sabêt tanpa sanjata, amung wontên sawatawis golongan alit ingkang kagêbyagakên kaprigêlanipun ulah dêdamêl sanjata ing têngah palataran, barisan lesiyun wau ingkang nindhihi namung ondêr upsir sadaya, dene pangagêng upsir sami mangangge cara Jawi sowan ing pandhapi. Sasampunipun ajad dalêm dipun dongani, wanci jam 6 sontên, baris bibaran sarta lajêng tampi bagian ajad dalêm waradin kados manawi pasamuwan tingalan. Ing pandhapi para pangagêng, para upsir saha abdi dalêm ingkang pangkat mantri minggah, majêng dhahar sêsarêngan, lênggahipun kursèn, tatananipun kadosdene pasamuwan tingalan Akat Lêgèn, para luhur ngagêm pêpasrèn sangsangan saha karang mêlok sêkar. Antawis jam 8 bibaran. (Badhe kambatan)kasambêtan.

P.K. 585.

--- 1563 ---

Pawartos Sajawining Praja

Pasulayan Jêpan kalihan Tiongkok.

Kados para maos taksih kèngêtan ing bab larah-larahipun jalaraning papranganipun Jêpan kalihan Tiongkok. Kala rame-ramening pêrang, sabên tiyang grombol-grombol inggih ngraosi bab pêpêrangan wau, nanging pundi kawusananipun ingkang unggul tuwin kasoran, dumuginipun sapunika kenging dipun wastani dèrèng wontên, dene pinanggihipun ing ngrika-ngriki sami manggih karisakan, pêpêjah tanpa wicalan.

[Grafik]

Jendral Honjo, ingkang kiwa.

Ing bab rêmbag rukun, saprika taksih ajêg, malah dumugining rêmbag wêkasan, upami caranipun tiyang sade tinumbas, tansah awis-awisan kemawon. Tiongkok angintunakên wêwakil dhatêng madyaning parêpatan, miji ahli ulah rêmbag, murih sagêd nanggulangi rêmbag ingkang makantukakên dhatêng praja, ingkang kaangkat dados wêwakil, Tuwan Willington Koo tuwin Dr. Yen, dene Jêpan miji Tuwan Matsuoka tuwin Nagoaka. Sawung-sawung wau sami apilih tandhing ingatasing wawan sabda. Mila lôngka sagêda kalindhih salah satunggalipun.

Tumrap salêbêting praja Jêpan, pinanggihing rêmbag ingkang winêdhar wontên ing liyan praja, sakalangkung dipun wigatosakên, malah lajêng wontên parêpatan umum, murih sawarnining rêmbag babagan Mansuriah sagêd sumêbar, lan malih tumrap rêmbag ing Geneve waradinipun katindakakên sarana radhio.

Mênggahing Jêpan, tansah angêkahi, bilih wontênipun ing Mansuriah botên niyat badhe

--- 1564 ---

damêl pangrisak, malah salugu namung badhe adamêl tata têntrêm, lan malih tumraping Tiongkok, Mansuriah punika kêrèhipun namung dipun anggêp pangaran-aran kemawon. Wontênipun Mansuriah angêmohi dhatêng Tiongkok, punika botên saking pambêbaluhipun Jêpan.

Bab kados makatên punika tumrapipun Tiongkok tamtu botên angajêngi sangêt, mila Dr. Yen badhe mêdhar sabda minôngka panduwa ingkang araos pêdhês wontên ing Polkênbon, tuwin badhe ngosikakên, murih parêpatan ngrampungi ing bab pêdhoting sêsambêtanipun kalihan Jêpan ing bab dêdagangan utawi sanèsipun.

Sayêktosipun ing bab babagan among dagang, sanadyan dèrèng wontên karampungan ingkang têtêp, nanging tumrap para among dagangipun inggih sampun nindakakên pangêmohi piyambak, awit saya karaos, bilih sawarnining tindak among dagang gêgayutan kalihan Jêpan punika pinanggih botên prayogi, mila ing ngriku lajêng tuwuh grêjêg ingkang gêgayutan prakawis among dagang, pinanggihipun ngantos sumêbar dumugi pundi-pundi.

Ing ngriku Tiongkok lajêng manggih panacad ing bab anggènipun angêmohi barang Jêpan. Tamtu kemawon pinanggihipun inggih tansah drêdah kemawon, amargi gêgayutan among dagang punika atêgês dados kêkiyatan, dados manawi pêdhot, atêgês pangawak ingkang suda kêkiyatanipun.

Dados pinanggihipun, inggih taksih têtêp, praja kêkalih wau taksih wontên salêbêting pêpêtêng.

Tumindaking pasulayan punika sampun sawatawis dangu, mênggah caraning abên sawung, botoh tuwin sawungipun sampun kathah ingkang santun. Ing kala wiwit tuwuh darêdah, senapatining paprangan Jendral Honjo. Kala jamanipun Sang Honjo wau jumênêng senapati, asmanipun sakalangkung misuwur. Nanging sarêng pasulayan saya agêng, asmanipun Sang Honjo kadosdene kasilêp, dening kabarung ramening pasulayan pundi-pundi. Mênggah sajatosipun, asmanipun Sang Honjo taksih ajêg. Sarêng sampun tigang taun, Jendral Honjo wangsul dhatêng praja, sadumugining Jêpan, tinampi ing pahargyan agêng, têtiyang ingkang sami ningali samargi-margi ngantos pêpêt, satêmah asmanipun Sang Honjo saya misuwur. Samantên pinanggihing kamulyanipun prajurit wangsul saking paprangan.

Kajawi panêmpuhipun wadya Jêpan dhatêng barisanipun Jendral Su Ping Wen, ugi wontên rêmbag, bilih muslim Tiongkok kintun telêgram dhatêng Polkênbon, mênggah suraosing tilgram: atas saking namaning golongan muslim Tiongkok, cacah 50.000.000 supados ngawontênakên rêmbag ngadil, ing bab propènsi tigang panggenan ingkang dipun dhêsêk dening bôngsa Jêpan. Lan malih, golongan wau babarpisan botên anganggêp dhatêng kamardikanipun Mansuriah, dêmi Allah, nêdya badhe ngrêbat Mansuriah ingkang sampun dipun broki dening bôngsa Jêpan.

Ing sapunika saya cêtha, pasulayan wau tansah sambêt-sumambêt.

--- [1565] ---

Bêbaya Prahara

Ing bawah Bantên mêntas wontên prahara nêmpuh dhusun Tanara tuwin Sidayu. Ingkang kalangkung kêtênggêl ing Sidayu, kathah griya ingkang sami rêbah. Miturut katrangan, griya ingkang risak wontên 240, nanging botên wontên kasangsaran. Para maos sagêd anggalih mênggah raosing manahipun têtiyang ingkang sami kecalan bale griya wau.

[Grafik]

Dhusun Tanara

[Grafik]

Margi dhusun Tanara, samargi-marsamargi-margi. pinanggih êmpyak ingkang sami katut angin.

[Grafik]

Griya ingkang mawut-mawut.

[Grafik]

Panêmpuhing angin botên kandhêg dening tembok.

--- 1566 ---

Raos Jawi

Molah-Malihing Piandêl

Piandêlipun bôngsa Jawi kala jaman rumiyin, kathah ingkang lèrègipun dhatêng kaelokan, kados ta tiyang gadhah kalangkungan, nyulap upaminipun, punika pinanggihipun wontên ing jaman kina elok-elok sangêt. Saya ingkang pinanggih ing sêrat-sêrat, cêcariyosanipun ngantos nyêbal saking nalar, upaminipun tiyang sagêd nutut kewan, sima, sawêr, tuwin bêbujêngan wana sanès-sanèsipun. Punika inggih ngantos anggumunakên, amargi saking tututipun, kewan wau asring kêkinthil ingkang ngingah, tutut prasasat kucing.

Kacariyos malih tiyang gadhah aji panyirêpan mandining sirêpipun ngantos sagêd tumama dhatêng sintên kemawon, sanadyan sato kewan pisan, manawi kataman inggih anggalinting yêktos. Malah juru sirêp ingkang kados makatên wau, ngèlminipun asring dipun êcakakên kangge nyirêp andhapan, inggih punika kalanipun kangge ambêbêdhag. Samôngsa sampun tumama, para andhapan lajêng pating galuntung sami tilêm, wusana kantun anggêdhigi kemawon.

Ing bab juru panutut sawêr, ingkang dumugi sapunika taksih katingal, pinanggih wontên ing bôngsa Hindhu juru sulap, sawêripun katingal tutut kemawon. Nanging mênggahing kapitadosan, tiyang juru nutut sawêr, punika tiwasipun inggih jalaran saking sawêr.

Pamanggih kados makatên punika bokmanawi wontên lêrêsipun, dados ing nalar ragi mèmpêr, awit sawêr punika nyatanipun kewan galak, sanadyan dipun tutut-tututa, manawi nuju supe, inggih purun nyawèl.

Tumrapipun bôngsa Jawi, wontên dêdongenganipun juru nênutut sawêr, ingkang tiwas dening sawêr, kados ta ing ngandhap punika:

Kacariyos wontên sawênèhipun carik dhusun gadhah ingah-ingahan sawêr, saking tututipun, sawêr wau sabên-sabên dipun ajak kêkesahan. Tamtunipun inggih kathah tiyang gundam-gundam.

Satunggiling dintên, carik wau sowan dhatêng dalêming pangagêng, sawêripun dipun bêkta. Tamtu kemawon têtiyang ingkang sumêrêp sami sumingkir tuwin alok: mas, klawèr-klawèripun bok sampun dipun culakên, anggêgilani.

Carik wau mirêng têmbung makatên punika malah agêng ing manah, rumaos manawi ingah-ingahanipun malah angsal panggunggung, lajêng dipun êlus-êlus kangge kalung, badaning sawêr anggubêt ngantos maradini badan.

Tumrap tiyang ingkang ajrih lajêng trimah sumingkir, anganggêp patrap kados makatên punika nama nganèh-anèhi. Sawênèh wontên ingkang grunêngan mujèk-mujèkakên awon.

Dilalah tiyang badhe manggih apês, saya siyang sawêr wau saya kolèt-kolèt, nanging tumrap [tumra...]

--- 1567 ---

[...p] ingkang gadhah malah dipun anggêp sae. Dangu-dangu sawêr ngêmplok tangan, inggih namung dipun anggêp ngajak dolanan. Nanging nyatanipun sarêng ugêl-ugêl sampun kalêbêt ing cangkêm sawêr, lajêng dipun ingkêmi, suwaranipun ngantos kados dipun jêthuti. Ungêlipun ingkang gadhah: us, diculake, sêmbrana. Dangu-dangu ingkang gadhah mangrêtos, bilih sawêr wau anggèning ngêmplok tanganipun yêktosan, malah lajêng tulung-tulung. Wusana inggih lajêng dipun pitulungi dening kônca-kancanipun lêlinggihan cangkêming sawêr dipun kèkrèk, sawêr pêjah. Kados makatên pinanggihipun tiyang dolanan kewan ingkang ambêbayani.

Mangsuli ing bab kawruh sirêp, dangu-dangu tumrap bôngsa Jawi lajêng koncatan, malah limrahipun lajêng botên mangrêtos. Wusana sarêng bab makatên punika sampun botên kocap, lajêng tuwuh wontên kawruh enggal saking tanah kilenan, kawruh wau dipun wastani Hypnotisme. Tiyang ingkang gadhah kawruh makatên wau sagêd ngêrèh dhatêng sipat nyawa, ngantos ical dayanipun, dipun rèh punapa-punapa namung sarwa miturut.

Kados ingkang kacêtha ing gambar, punika sawênèhing tiyang ing Wènên ingkang gadhah kalangkungan sagêd adamêl anjêgrêging ayam, sarana dipun pandêng, lajêng botên sagêd ebah, sanadyan nyuwara kemawon inggih botên sagêd.

Kalangkunganipun tiyang ingkang kados makatên punika sanyata anggumunakên, tuwin kanyatan, bilih anggèning kadunungan kawruh kados makatên punika saking lampah awrat, botên sabên tiyang sagêd anglampahi, amargi mawi ngambah dhatêng raos kasucian.

[Grafik]

Daya kêkiyataning pandulu sagêd andamêl anjêgrêging sawung.

Sarêng katranganipun kados makatên, raosipun kados angèngêtakên dhatêng kawruhipun tiyang Jawi ingkang kacariyos gadhah panyirêpan, sajak-sajakipun inggih amor misah kemawon, lan mênggah nyatanipun, tiyang ingkang gadhah kawruh kados makatên punika inggih botên sabên tiyang. Dados sakêdhik-sakêdhik inggih dhêdhasar suci tuwin gadhah kawruh pêpêthingan.

Pinanggihipun ing pangintên, tuwuhing kawruh enggal wau sajatosipun bôngsa Jawi inggih sampun gadhah, kaot tuwuhipun malih sawêg sapunika. Dene salajêngipun ngambah ing kabatosan yêktos, tamtunipun tumrapa sintên kemawon, pangangkahipun inggih sami. Punapa bab makatên punika botên cocog atêgês molah-malihing piandêl.

Jugul.

--- 1568 ---

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

Sudaning rêginipun arta pondsterling punapa adamêl wêwahing sêsanggènipun rakyat Indonesia?

Sawênèhing para maos wontên ingkang mundhut dhatêng kula, Pênthul, supados adamêl wawasan ing bab kasêbut inginggil. Ing babagan ingkang makatên punika sajatosipun kula rumaos jimbit sangêt. Ewasamantên kula mêksa badhe anglêksanani panêdhanipun wau, nanging inggih namung sagadug-gadug kula kemawon. Amila manawi ing wusana wontên gèsèhing pamanggih, mugi-mugi paringa gênging pangaksama.

Langkung rumiyin ingkang prêlu kula andharakên ingriki, tumrap ing karajan Inggris ingkang dados wêwaton sadaya petanging arta, punika mêndhêt saking ajining arta êmas (gouden standaard). Dene arta ingkang kangge wêwaton wau inggih punika pondsterling.

[Grafik]

Bank of England, ing London, gêdhong ingkang sisih kiwa.

Mênggah sudaning ajinipun arta pondsterling punika sajatosipun gêgayutan kalihan lampahing wisselpolitiek. Murih têrangipun ingriki kados prêlu ngandharakên sawatawis ingkang dipun wastani: wisselpolitiek wau. Upaminipun:

Tiyang kêdah ngintunakên arta saking nagari Walandi dhatêng Inggris. Ingkang makatên wau sêring sangêt kalampahan, upaminipun kemawon jalaran kêdah ambayari barang-barang ingkang katumbas wontên ing Inggris, utawi kêpengin nglampahakên artanipun wontên ing Inggris, makatên sapiturutipun. Caranipun anggèning ngintunakên arta, tiyang wau lajêng anumbas wissel, inggih punika satunggiling katêrangan ingkang mratelakakên kêdah ambayar dhatêng tiyang ingkang anggadhahi sêrat katêrangan wau. Dene ingkang dipun wajibakên anyade sêrat-sêrat katêrangan (wissel) wau, inggih punika: kantor-kantor bank, nanging kosokwangsulipun kantor-kantor bank wau ugi dipun wajibakên ambayar wissel ingkang dipun tampèkakên, kajawi punika ugi anyade wissel-wissel wau dhatêng kantor-kantor bank liyanipun, makatên sapiturutipun. Samantên ugi têtiyang ing tanah Inggris, manawi badhe ngintunakên arta dhatêng nagari Walandi inggih sarana tumbas wissel kados inginggil, saha ingkang dipun kintunakên inggih wissel wau. Salajêngipun wissel-wissel wau dening kantor-kantor bank lajêng kangge dêdagangan. Jalaran saking punika kantor-kantor bank sok sagêd angsal bathi, awit ajining wissel punika botên mêsthi sami kemawon. Sagêd ugi kalampahan, bilih tiyang ingkang tumbas wissel pangaos 1000 pondsterling, ingkang kêdah kabayarakên wontên ing Inggris, pambayaripun langkung saking 12000 rupiyah utawi kirang. Saya kathah tiyang migunakakên wissel wontên ing satunggiling nagari, saya inggih aji(kurs)nipun wissel wau. Kosokwangsulipun: saya kirang tiyang migunakakên wissel wontên ing satunggiling nagari, saya suda ajining (kursipun) wissel. Inggih tindak utawi cara ingkang makatên punika dipun wastani wisselpolitiek.

Samangke manawi wissel tumrap Inggris punika

--- 1569 ---

awis sangêt, tiyang lajêng tumbas êmas wontên ing nagaripun piyambak, ing wusana ingkang kakintunakên sasagêd-sagêd inggih lajêng awujud êmas. kosokwangsulipun saupami wontên ing Inggris kursipun wissel kangge sajawining nagari sakalangkung inggil, pangintunipun saking Inggris inggih lajêng botên sarana wissel, nanging sarana arta êmas.

Salajêngipun panêdha êmas dhatêng Inggris kathah sangêt, têgêsipun: ing praja-praja sajawining Inggris botên purun nampi wissel saking Inggris, nanging ingkang katêdha arta êmas. Ing wusana anyarêngi kathahing arta êmas ingkang mêdal saking Inggris. Ingkang makatên wau, jalaran Inggris kêdah ambayar kathah sangêt dhatêng ngamanca praja, inggih punika sabab saking sudaning barang-barang ingkang kawêdalakên, utawi sambutanipun Inggris kêdah tumuntên kabayar, makatên sapiturutipun. Jalaran ingkang makatên punika Inggris lajêng kuwatos, bilih ing praja botên wande tamtu badhe kêkirangan êmas, ingkang anjalari sudaning rêginipun wissel, awit jalaran saking kiranging êmas wau, ing têmbe aosipun têmtu mindhak, nanging rêginipun wissel ingkang lajêng mandhap. Kangge anjagi murih sampun ngantos kadadosan ingkang makatên wau, ujug-ujug wêdaling êmas kaêndhêg lan kuwajibanipun bank adamêl arta êmas, kacabut. Wiwit punika lajêng angèl sangêt wêdalipun arta êmas saking Inggris, nanging inggih wiwit punika kapitadosanipun bank-bank sanès praja dhatêng Inggris lajêng mundur. Jalaran saking punika rêrêgènipun wissel, têgêsipun ajining pondsterling inggih lajêng mundur. Salajêngipun tiyang inggih taksih purun numbas sêrat tagihan (wissel) dhatêng Inggris, nanging sarana rêrêgèn ingkang sakalangkung andhap katimbang ingkang sampun-sampun. Sintên ingkang badhe mêndhêt artanipun wontên ing Inggris, ing mangka kêdah sarana tumbas wissel, tumrap 1 ponsterlingipun ingkang suwaunipun rêgi 12 rupiyah, lajêng namung dipun ajèni 7 rupiyah.

Ing mangka bank ingkang agêng-agêng ing saindênging jagad, punika sami sêsrawungan kalihan bank ing Inggris, ingkang misuwur sabab santosanipun, saha ingkang dipun wastani: "Bank of England", ingkang anjalari bank-bank wau sami anggadhahi wissel (sêrat katêrangan utawi sêrat tagihan) dhatêng Inggris. Samangke jalaran saking mandhaping rêginipun pondsterling kados kasêbut nginggil, sampun tamtu bilih bank-bank wau lajêng sami nandhang kapitunan ingkang botên sakêdhik. Makatên ugi bank-bank ing Nederland, simpênanipun wissel-wissel dhatêng Inggris inggih ngantos pintên-pintên yuta pondsterling. Jalaran mêdhakingmindhaking. rêginipun pondsterling saking f 12 dhatêng f 7 wau, kapitunanipun bank wau sabên sayuta pondsterling inggih botên kirang saking 5 yuta rupiyah.

Sawatawis taun ingkang kapêngkêr pamarentah ngriki mêntas adamêl sambutan arta pintên-pintên dasa yuta ponsterling dhatêng karajan Inggris. Sambutan wau kenging kabayar awarni pondsterling utawi arta salaka (rupiyahan), salêbêtipun samantên cicilan. Jalaran saking sudaning rêginipun ponsterling wau, sampun têmtu kemawon sambutanipun lajêng dados langkung alit tinimbang petangan ingkang sampun. Dados saupami sambutanipun 1000 pondsterling, ingkang suwaunipun pangaos 12 rupiyah x 1000, samangke namung 7 rupiyah x 1000, dados untungipun 5 rupiyah x 1000. Makatên wau saupami pamarentah ngriki sagêd amangsulakên sambutanipun ing wêkdal samangke punika. Namung emanipun, dumadakan têka pamarentah ngriki piyambak sawêg kasêpênan arta.

Ing wusana saking lampahing rêrigên lajêng wontên margi sanès, inggih punika angliyêrakên sabagean saking sambutanipun wau dhatêng bank Nederland, kanthi prajanjian rêgining pondsterling dipun ajèni f 9. Jalaran saking rêrigên ingkang makatên punika, kalih-kalihipun, inggih bank Nederland kalihan pamarentah ngriki, sami untungipun, inggih punika tumrap bank Nederland, ing sarèhning rêgining pondsterling samangke namung f 7, ing mangka dening pamarentah nrikingriki. dipun ajèni f 9, dados bathinipun bank wau sabên 1 pondsterling f 2. Makatên ugi pamarentah ngriki, jalaran ngliyêrakên sabagean sambutanipun wau, kajawi anyuda kathahing sambutanipun dhatêng karajan Inggris, inggih tumut angsal bêbathèn. Awit ingkang mêsthinipun sabên 1 pondsterling kêdah kabayar f 12, samangke namung kabayar f 9. Dados mênggahing pêpetangan sabên sapondsterlingipun bathi f 3.

Tindak kados makatên punika, para maos supados mangrêtos, bilih tindakipun parentah ngriki punika nama speculatie, kajêngipun tumindak bêgjan-bêgjan, awit ing bab rêgining pondsterling punika sanadyan sapunika namung f 7, nanging sanès dintên utawi sanès mangsa, sagêd ugi pulih kados wingi uni inggih punika f 12.

Makatên lampahing rêginipun arta utawi gêgayutanipun kalihan mandhaping pondsterling wau.

Miturut katêrangan sawatawis inginggil, dados têtela bilih nagari-nagari sanèsipun ingkang sami dipun sambuti dhatêng karajan Inggris kêpêksa sami nandhang karugian, jalaran kawontênan mloroding rêrêgèn arta pondsterling wau. Kosokwangsulipun nagari-nagari sanèsipun ingkang sami gadhah sambutan dhatêng Inggris, punika sami manggih kauntungan sadaya, awit nalika nyambutipun 1 pondsterling pangaos f 12, nanging sarêng mangsulakên namung f 7 sabên 1 pondsterlingipun. Dene inginggil sampun katêrangakên, bilih nagari-nagari sanès ingkang sami dipun sambuti dhatêng Inggris sami manggih kapitunan, punika jalaran sarêng Inggris mangsulakên sambutanipun, pambayaripun têtêp ngangge pondsterling wau, ingkang samangke namung karêgenan f 7, dados saupumi sambutanipun ingajêng 1000 pondsterling, ingkang petanging rupiyahipun [rupiya...]

--- 1570 ---

[...hipun] wontên f 12 X 1000, samangke namung tampi sauran f 7 X 1000.

Dene tumrap barang-barang dêdagangan saking tanah Indonesia ngriki ingkang sami dhatêng tanah Inggris, mila wontên tunanipun sawatawis, nanging botên dados punapa, jalaran barang-barang dêdagangan Inggris ingkang sami kasade wontên ing tanah Indonesia ngriki ugi mandhap rêginipun, miturut kados rêgining pondsterling wau. Mênggahing wawasan, tanah Indonesia ngriki mêksa dhawah untung.

Katrangan inginggil punika kados sampun kenging kangge lêlimbangan, kadospundi mênggah rugi lan untungipun nagari-nagari sanès, salêbêting arta pondsterling mandhap ajinipun.

Awit saking mandhapipun arta pondsterling wau, kenging kasamèkakên kalihan mandhaping arta yèn ing Jêpan, ingkang ugi kenging kaanggêp satunggiling sabab mirahing barang-barang dêdagangan Jêpan wontên ing tanah ngriki. Awit sanyatanipun barang-barang dêdagangan Jêpan wau, wontên ing tanah Jêpan piyambak prasasat botên suda rêginipun. Têgêsipun barang ingkang kala rumiyin rêgi 1 yèn, samangke ing tanah Jêpan ngriku inggih taksih rêgi 1 yèn. Ananging ajining arta yèn punika samangke suda sangêt, sudanipun wau prasasat mèh sapalihipun piyambak, inggih sampun têmtu bilih rêgining barang-barang inggih lajêng sapalih piyambak sudanipun.

Dados mênggahing kula, tumrap sadaya têtiyang ngriki, sudaning ajinipun arta yèn punapa dene pondsterling, punika kenging kawastanan angsal pitulungan, dening sawêg mangsa makatên, mêksa sagêd tumbas barang kabêtahanipun, ingkang botên sangêt-sangêt amêwahi rêkaosing gêsangipun manggèn wontên ing jaman mêlasarsa, inggih gêsangipun pun PÊNTHUL.

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI.

[Grafik]

Kêmasan ing Kuthagêdhe. Ing Kuthagêdhe punika misuwur panggenan kêmasan agêng tuwin sagêd. Ing sapunika kagunanipun saya misuwur, ngantos sumêbar dumugi pundi-punni.pundi-pundi. Inginggil punika gambaripun juru kêmasan nuju ngukir barang salaka.

Kongsul Jendral ing Kobe angajawi. Tuwan Roos kongsul jendral nagari Walandi ing Kobe, Jêpan, badhe dhatêng tanah Jawi sowan dhatêng kraton Surakarta tuwin Ngayogya. Wontênipun ngriki badhe nyumêrêpi kawontênan station bathik tuwin babagan tênun.

Bab punika kintên-kintên anggayut ing bab ingkang langkung wigatos.

Masjid nampik tiyang Muslimin. Awit saking dhawuhipun Sultan ing Medan, jalaran saking wontêning pasulayanipun golongan Islam kolot kalihan Muhammadiyah, botên marêngakên lêbêtipun golongan Muhamamadiyah dhatêng masjid.

Bab punika têmtunipun lajêng nuwuhakên botên narimahipun golongan ingkang kasirik. Nanging mênggahing nalar, wosipun botên liya namung badhe anjagi sampun ngantos wontên pasulayan. Pinuji mugi sagêda rukun.

Bêbaya kaluwèn. Ing dhusun Nanggerang, tuwin Harempoy, Garut, tuwuh bêbaya kaluwèn. Wontên tiyang 100 salêbêtipun 5 dintên namung nêdha punapa ingkang kêcadhak.

Wah, bab punika manawi nyata, dados pêpucuk kasangsaran yêktos. Mugi sampun kalajêng-lajêng.

Kaukum malah bingah. Pangadilan Landgerecht ing Krawang mêntas ngrampungi prakawisipun dakwa 58, asli saking Têluk Jambi, kalêpatan anggarap pasitènipun tuwan tanah tanpa angsal palilah. Dakwa sadaya wau wontên ingkang kadhêndha f 1.- dumugi f 3.- manawi botên bayar kaukum. Sadaya trimah kaukum, malah tinampi kanthi bingahing manah, nalika kairid dhatêng pakunjaran Purwakarta ngantos gumrudug, sarêng sêpur dhatêng sami surak-surak.

Punapa punika ugi nama satunggiling kamajêngan?

Tiyang nyêbrot nekad. Punggawa firma Heng Hong ing Palembang nalika nuju nampèni arta wontên ing lokèt Escompto f 600.- ujug-ujug dipun sêbrot ing tiyang, kenging f 200.- Tiyang ingkang nyêbrot mlajêng, ical tanpa lari.

Punika nama tiyang nekad sayêktos. Sintêna kemawon prayogi ingkang ngatos-atos.

--- 1571 ---

Groeneveld waras-wiris. Ing sapunika sampun wontên katrangan, ing bab Tuwan Groeneveld, ingkang kapriksa dening doktêr, jalaran sakit ewah, katranganipun botên punapa-punapa. Kintên-kintên prakawisipun nuntên kapriksa.

Wohing ngindhakipun rêgi sarêm. Jalaran saking mindhaking rêgi sarêm, pêpajênganipun panyadean sarêm ing Rongkob, Ngayogya malah suda. Rumiyin sawulan sagêd angsal f 700.- sapunika namung f 200.-. Sarêng katitipriksa, ing pasisir kidul kathah tiyang damêl sarêm piyambak.

Têmtunipun mênggahing kajêng, tiyang sadaya wau namung badhe pados kamayaran, amargi gêsangipun têtiyang padhusunan ing jaman sapunika sarwa ngrêkaos.

Juragan kêbon tèh ribêd. Para juragan tèh tiyang siti ing Priyangan sami ribêd, dening angsal-angsalaning pamêdal botên sumbut, dèrèng kenging kangge nyêkapi kabêtahan. Mila lêbêting pajêg rêndhêt sangêt. Wusana kêlampahan kathah juragan tèh ingkang nyade kêbonipun tèh.

Samantên pangamuking jaman malèsèd, siti ingkang baku dados panggêsangan, kapêksa dipun dhendhal, jalaran saking anggèning nêdya gêsang.

Durjana kêndêl. Griyanipun Dr. Brunsted, doktêr guprêmèn ing Ngayogya, mêntas kalêbêtan pandung. Lêbêting pandung sarana ngrisak jêndhela, tumindakipun sajak tanpa samar, kêlampahan sagêd mêndhêt arta ingkang sumimpên wontên ing bênèt tigang panggenan, sarana mawi sorogipun bênèt-bênèt wau piyambak, gunggunging arta wontên f 2200.-

Kêkêndêlaning pandung ing jaman sapunika pancèn ngedab-edabi. Nanging salugunipun dèrèng wontên pandung ingkang kêndêl narajang pajagèn tata têntrêm.

Maloroting pagantosan ing tanah sabrang. Wontês pawartos, angsal-angsalaning pagantosan ing tanah sabrang mlorot sangêt. Mênggah pêpetanganipun: ing taun 1930, salêbêtipun 10 wulan, tumrap Medan ngêdalakên arta kathahipun f 1.056.100.60, taun 1931 ugi pêpetangan makatên, f 929.582.80; ing taun 1932 wontên f 833.611.60. Mênggah jalaranipun kintên-kintên saking kathahing kuli ingkang kawangsulakên.

Manawi makatên cêtha, bilih lampahing panggêsangan punika namung ubêngan. Wangsuling kuli nuwuhakên panjêlihipun ingkang nglampahi, inggih atêgês adamêl sêpêning pagantosan. Pancèn pun kuli ingkang kêdah dados rêraosan.

Guru dipun awisi mulang. Tuwan Bondhan, guru carakan ing Bêtawi, dipun awisi dening tuwan guprênur ing Jawi Kilèn nindakakên wulangan, kakuwatosakên manawi ngongkrèh-ongkrèh tata têntrêm. Nanging nalika Tuwan Bondhan tampi dhawuh, sampun botên mulang.

Politiek dagang. Pabrik sigarèt Faroka Malang, nindakakên rekadaya adamêl kumidi midêr-midêr, ingkang bayaranipun tiyang ningali kenging sarana kupon Faroka.

Kados makatên rêrigênipun tiyang among dagang. Tindak wau nama rêrigên dados sarananing nyênyumbu arta, ingkang sawêg pangawak kêsit.

Kuli angsal padamêlan. Jalaran anggèning firma-firma ing Cilacap botên dipun pituruti panêdhanipun sudan waragad lori gadhahanipun pakaryan palabuhan, firma-firma wau lajêng migunakakên kuli utawi grobag kemawon. Wusana andadosakên kathah kuli sami angsal padamêlan.

Ingriki katingal, sabên wontên ingkang untung, inggih wontên ingkang buntung. Punika nama satunggiling pitulungan dilalah saking karsaning Allah.

Borongan susuh sêndawa. Bab pamborongan susuh sêndasêndawa. ing pasisir kidul namung angsal pangawis f 80.-, mangka rumiyin f 325.-. Pangawisipun wau botên kaparêngakên.

Manawi bab punika tumindak kadosdene êntol-êntolan, ugi wontên prayoginipun, nanging mirid jaman, êntol-êntolan punika rêkaos.

Arta krêtas palsu ing Surabaya. Lurah kampung ing Tunjungan, Surabaya, nalika ambayarakên arta dhatêng gêdhong arta nagari, pinanggih wontên artanipun krêtas palsu rêgi f 25.- ciri: No.B.G. 04109 tanggal 23 October 1919, contr. No. 16102.

Wah, arta f 25.- punika botên baèn-baèn. Prayogi sami ngatos-atos.

Ewah-ewahan ing tanah Karajan Jawi. Rumiyin sampun nate wontên pawartos, ing Karajan Jawi Surakarta tuwin Ngayogyakarta namung badhe dipun pangagêngi guprênur satunggal, nanging taksih dados rêmbag. Ing sakawit ing karajan kalih wau guprênuripun lowong, sarêng ing Ngayogya dipun dèkèki, inggih punika Tuwan De Cock, lajêng ngrangkêp Surakarta pisan.

Mirid lêlampahan ingkang pinanggih punika ragi anggèsèhi kados pawartos ingkang sampun-sampun. Dados sanadyan nyatanipun ing sapunika dipun rangkêp, mêksa taksih wontên raos pitakenan: punapa inggih yêktos? Bab punika têmtunipun badhe karaos dhatêng ingkang gêgayutan.

EROPA.

[Grafik]

Sawung film ingkang dados ginêm. Tuwan Harold Lloyd, sawung film ingkang dados sêkar lathi nalika ing Boedapèst, Hongarie, dipun tampèni ing têtiyang kathah. Sadaya sami ngangge têsmak gagrag Harold Lloyd. Nanging tuwan Harold Lloyd piyambak sarêng dhatêng ing papan paargyan, botên ngangge têsmak. Bab makatên punika lajêng dipun anggêp satunggiling lucon.

ASIA.

Sang Gandhi siyam malih. Sang Gandhi sampun wiwit siyam malih, jalaran mêntas wawan rêmbag kalihan priyantun wêwakil praja ing bab babagan tiyang ukuman ing pakunjaran ing Yeravda, rêmbagipun botên cocok. Wiwitipun siyam tanggal 3, enjingipun wawrating badan sampun suda 6 pun.

Lisah Rus badhe kasade wontên Jêpan. Mr. Moesukata sampun adamêl kontrak kalihan Ruslan, ing bab tumbas gasolin. Sasampunipun nyade gasolin, Ruslan badhe nyade lisah sanèsipun.

Nanging mênggah badhe pinanggihing rêrêgèn awis utawi mirah dèrèng kasumurupan, awit dhatênging lisah wau sarana lampah têbih.

--- 1572 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

66.

Sasampunipun makatên, Tuwan Sumarta lajêng nêdha kopêripun, cariyos badhe nyipêng wontên ing griya pamondhokan. Nyonyah sêpuh sangêt anggènipun anggondhèli, kapurih nyêpêng wontên ing ngriku kemawon, ngênggènana tilas kamaripun Nyonyah Dhorah, nanging Tuwan Sumarta botên purun. Sarampunging prêlu, Tuwan Sumarta lajêng bidhal.

Sayêktosipun Tuwan Sumarta botên dhatêng griya pamondhokan, malah lajêng têrus dhatêng sêtatsiun kemawon, tumbas karcis badhe kangge numpak sêpur dhatêng Bêtawi enjingipun. Sarêng sampun ngêwratakên barang bêbêktanipun, lajêng wangsul dhatêng griya pamondhokan lare malih, saha sadumuginipun ngriku lajêng wicantên: Nyonyah, sayêktosipun kula kasupèn, dèrèng nakèkakên barang tuwin pangangge têtilaranipun bojo kula sanès-sanèsipun.

Nyonyah sêpuh mangsuli: Kula piyambak inggih kasupèn. Tamtu kemawon barang-barang wau badhe kula aturakên ing sampeyan.

Sadaya wau inggih kula darmakakên dhatêng griya pamondhokan lare lola ngriki. Ingkang badhe kula bêkta namung madhaliyun, ingkang dipun angge bojo kula nalikanipun ngajal.

Kula ngaturakên panuwun malih dhatêng sampeyan, tuwan, ugi atas saking namanipun lare-lare sadaya. Kula aturi ngêntosi sakêdhap, kula mêndhêt madhaliyunipun.

Nyonyah sêpuh lajêng lumêbêt ing griya, mêdalipun malih ambêkta madhaliyun êmas cumanthèl ing rante alit. Agênging madhaliyun wau namung saarta êsèn, tipis. Tuwan Sumarta sasampun nampèni madhaliyun, lajêng dipun bikak, kadosdene ambikak èrloji, lajêng ningali gambar potrèt alit, inggih punika gambaripun Nyonyah Dhorah.

Tuwan Sumarta wicantên: Barang punika dipun angge ing bojo kula ngantos dumugi ngajal, kula botên badhe pisah kalihan barang punika ing salami-laminipun, ngantos dumugining ngajal kula.

Sasampunipun makatên, Tuwan Sumarta lajêng ngajak têtabikan kalihan nyonyah sêpuh malih, salajêngipun bidhal dhatêng pakuburan Walandi, kapanggih kalihan tuwan ingkang nguwaosi pakuburan.

Tuwan Sumarta wicantên: Tuwan, kula badhe kesahan têbih, dèrèng tamtu kula sagêd dhatêng ngriki malih. Mila mugi tuwan marêngakên, kula badhe anênggani kuburipun bojo kula mangke dalu.

Tuwan ingkang nguwaosi kuburan mangsuli: Punika sawêg jam gangsal. Punapa anggèn sampeyan wontên pakuburan badhe ngantos enjing.

Inggih, ngantos enjing. Wanci byar kula badhe dhatêng sêtatsiun. Panyuwun kula, salêbêtipun kula wontên pakuburan, mugi sampun ngantos wontên ingkang ngagru-agru.

Bidhalipun sêpur saking Sêmarang sampun ragi siyang, tuwan sagêd mampir ngunjuk wedang wontên ing griya kula. Lan malih, sampeyan prêlu dhahar sontên, mangke jam wolu kula êntosi.

Nuwun, tuwan. Mirahing panggalih sampeyan tansah kula èngêti. Mangke manawi kula luwe, kula tamtu sowan dhatêng dalêm sampeyan anêtêpi wanci.

Inggih prayogi. Dhuh, nalika kula dipun tilar ngajal bojo kula, kula ngantos botên purun nilar kuburanipun. Nanging dangu-dangu susahing manah kula wau inggih lajêng lilih. Lan malih...

Tuwan Sumarta lajêng amunggêl ginêm, murih botên kêpanjang-panjang tuwin ngajak tabikan tuwan juru rumêksa pakuburan: Sampun tuwan, kula kalilan.

O, inggih môngga. Manawi sampeyan badhe kagungan karsa punapa-punapa, sampun pakèwêd, sanadyan têngaha dalu, kula aturi thothok-thothok, badhe kula tampi kanthi lêgawaning manah. Ing sapunika kalêrêsan, nuju têrangan, hawanipun sae, wah padhang rêmbulan, namung bab asrêp, manawi sampun nyandhak jam satunggal dalu, karaos. Punapa sampeyan botên kaparêng ambêkta kêmul utawi mantêl.

Nuwun, tuwan, manawi prêlu mangke kula nyuwun.

Tuwan Sumarta lajêng bidhal dhatêng kuburipun ingkang èstri. Sarêng anggènipun wontên ing kuburan dèrèng ngantos gangsal mênit, sampun wontên jongos kengkenanipun tuwan juru rumêksa pakuburan, ambêkta kursi agêng. Wicantênipun tiyang ingkang nêmbe dhatêng: Punika tuwan ngintuni kursi, bokmanawi kagêm.

Wangsulanipun tuwan Sumarta: Matura karo tuwan, bangêt panrimaku, nanging pancène aku ora prêlu nganggo apa-apa.

Sarêng tiyang ingkang ngêtêrakên kursi wau sampun wangsul, Tuwan Sumarta lajêng ngingsêr kursi kaajêngakên dhatêng kuburipun Nyonyah Dhorah. Lajêng linggih dhêlog-dhêlog. Botên dangu lajêng wicantên, kados ngajak ginêman dhatêng Nyonyah Dhorah, kanthi linut ing tangis. (Badhe kasambêtan)

--- 193 ---

Nomêr 49, taun III

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawedalakên sabên Sabtu.

Sumur Srumbung

Aku mêntas saka Tuban, olèhku wêruh Tuban iya lagi sapisan kuwi bae, hla, ing kana ana sumur, banyune tawa, nanging dununge cêdhak bangêt karo sêgara, apa iku ora jênêng nganèh-anèhi. Sumur mau diarani sumur srumbung.

Kabênêran baliku mênyang Sêmarang saka Tuban, kêbarêngan kônca asli saka Tuban sing arêp mênyang Surabaya. Barêng sêpure wis têkan haltê pasantrèn, kôncaku mau crita mangkene:

Anu, dhik, aku ya ngrêti tur bangêt dongènge sumur srumbung kae. Dongèngane mangkene:

Ing Tuban ana wali misuwur bangêt, jênênge Sunan Bonang, Sunan Bonang mau gawene amèk iwak sêgara. Ing sawijining dina ana ratu sabrang sing arêp anyoba kapintêrane Sunan Bonang mau. Ratu mau utusan bupatine mênyang Tuban nunggang prau karo anggawa kitab sapirang-pirang, sing andhèrèk bupati mau iya akèh. Ananging kocapa, barêng prau têkan têngah sêgara, dumadakan ana prahara, praune kèrêm, kitabe ilang kabèh, wong-wonge padha mati klêlêb, mung ana siji sing kêna digawa ombak mênyang gisik, ing kono wong mau ditinggal dening ombak. Wis mêsthi wong mau sêmaput, wêtênge mlêmbung kêbak banyu. Esuke wong mau ditêmu karo Sunan Bonang isih gumlethak ing gisik ora bisa anggulawat, barêng didangu dening Sunan Bonang apa sêdyane, wong mau matur yèn arêp maguru marang Sunan Bonang.

Barêng wong loro mau wis gunêman, didhawuhi andhèrèk, sanalika bisa mênyat, nyat. Batine si wong mau: We, hla, ya pancèn sêkti têmênan. Ing nalika sêmono srêngenge wis dhuwur, panase ngudubilah, si uwong mau krasa ngorong bangêt, banjur nyuwun ngombe karo Sunan Bonang, nanging sarèhning ora ana banyu ngombe, wong mau didhawuhi lèrèn sadhela, bèn padha mari kêsêl lan ngêlake. Barêng wis ngaso sawatara suwene, banjur padha nutugake lakune. Durung suwe anggone padha mlaku, wong mau wis sambat mati saking ngêlake, karo niba. Sunan Bonang banjur nancêbake êcis ing gisik dianggo jaganan ngadêg, barêng têkên mau didudut, la kok mêtu banyune bêning bangêt, ora srônta wong mau, gage anggone ngokob banyu sing sêgêre ora karuwan. Mangkono kadadeane sumur Srumbung kae, cêkakan. Bakal disambung.

Bas.

--- 194 ---

Rukun

[Dhandhanggula]

Nadyan manuk kumpul karo kucing / mêmanise ing sêmu katara / mung kaya sadulur dhewe / môngka lumrahing manuk / sapolahe diarah kucing / manuk mung tansah samar / wêdi yèn ditubruk / awit pancèn bangêt lôngka / ana manuk bisa mêmitran lan kucing / kajaba dêdongengan //

nanging yèn kang dikandhakke iki / pancèn nyata dudu dêdomengan /dêdongengan. kacêtha ana gambare / mêsthine gawe gumun / lan agawe tratabing ati / jêbul nyatane malah / wis kaya sadulur / nadyan panganane beda / tinêmune kucinge sajak ngrahabi / yèn manuk nuju mangan //

[Grafik]

yèn uwonga: kucing malah muni / wis ta kono kapenakna dara / panotholmu pangan kuwe / gulo gabahe mumbruk / thotholana kang nganti rêsik / bandara bène bungah / yèn awakmu lêmu / besuk bisa bêbranahan / dadi kônca padha têtunggalan ngabdi / nyang bandara kang trêsna //

dara manthuk atêgês mangsuli / lan ambêkur minôngka pratôndha / saka bangêt ing bungahe / yèn unine kêwêtu / pancèn kowe iku mrakati / unimu gawe lêga / ilang ing samarku / kowe iku pancèn beda / karo kucing kang padha watakan drêngki / kang dhêmên nganiaya //

yèn mangko kowe loro kuwi /Kurang satu suku kata: yèn mangkono kowe loro kuwi. bakal dadi kônca rêrukunan / ora pisah salawase / yèn nyata bisa rukun / mêsthi bakal bêcik ing buri / atiku ora samar / ora nganggêp mungsuh / nadyan diarani nyêbal / iya bène waton kowe têtêp bêcik / urip padha barêngan //

ing wêkasan rukune lêstari / kucing mau karo manuk dara / yèn kalane kucing dhedhe / dara têka angêbyuk / ora beda akulit daging / barêngan para anak / lan gêntèn ambêkur / kucing bangêt ngrasa nikmat / ngrungokake gone dara padha muni / bisa turu kapenak //

pamalêse kucing iya bêcik / salawase anjaga nyang mitra / dirêksa kaslamêtane / mulat yèn ana tikus / aja nganti bisa nyêdhaki / sabên ketok kumlebat / tumuli ditubruk / awit wis cêtha têtela / tikus iku dadi ama nêniwasi / gunane ora ana //

yèn kalimpe anggarumut piyik / kala-kala wani nyakot dara / ngarah yèn nuju kalimpe / tindak mangkono mau / kucing bangêt amurinani / mula tansah mungsuhan / karo tikus-tikus / tindak kang mangkono nyata / dadi tali rukuning manuk lan kucing / ora tau sulaya //

bab rukune dara kucing kuwi / rada kêna digawe upama / mênyang bocah sakabèhe / yèn bocah urip rukun / salawase anêmu bêcik / sanadyan sêkolaha / pikiran ya mulur / awit anane wis cêtha / salawase padha kêtêntrêman ati / bêcik dilakonana //

--- 195 ---

Bocah Ngrêti Prêlu

Yèn aku ngèlingi kasênênganing bocah, sok banjur ngèlingi awakku dhewe, sapisan, ngèlingi: wong tuwa iku bangêt pangêmonge mênyang anak. Yèn anak duwe panjaluk apa-apa, janji bisa, iya dipituruti. Wah yèn aku dituruti panjalukku, sênêng bangêt. Kaping pindhone, tinêmune ing saiki, banjur bisa nêpakake, yèn aku dijaluki apa-apa ing anak, môngka ora bisa nuruti, wah, nyang ati ya rada kurang kapenak, tur tumrape bocah ing jaman saiki, panjaluke mapan, lan ana paedahe. Upamane anjaluk sêpedhah, kuwi karêpe arêp digawe sêkolah, wah manèh ing saiki rêgane iya ora sapiraa. Nanging wangsulanku ana bae. Padune...

[Grafik]

Sawiji dina, nalika aku nuju mlaku-mlaku, wêruh bocah rantap-rantap padha nunggang sêpedhah, mèmpêre kaya gambar iki. Ing kono ketok bangêt sênênge bocah mau. Wah, atiku saya ora kapenak.

Saulihku têrus anggagas bae, yèn kêwêtua: Suk apa anggonku bisa nukokake sêpedhah anakku. Nyut, anakku banjur tak undang, lan tak kandhani: Tak tukokake sêpedhah ya, le.

Anakku jingklak-jingklak karo sumaur: Cuk apa, pak.

Aku mangsuli alon: Sabar, suk yèn pajêge bapak wis pundhat, iki wis mèh tutup taun durung sah.

Ing kono, sanadyan isih pelo, anakku wis bisa mangsuli pratitis: Aja cêmblana, pak, bayal, bayal.

Anakku banjur tak kudang: wong ya anake si bapak, cilik-cilik ya wis ngrêti pajêg.

--- 196 ---

Dolanan Kêndhi Gêrit

Sore-sore, dhasar padhang rêmbulan. Ing kono akèh bocah padha dolanan, sing bocah wedok padha gulaganthi, suwarane nganti bablas têkan liya panggonan. Yèn bocah lanang, pating gêdêbug, ana sing jelungan, gobag, utawa liya-liyane, bangsaning gawe kêsêl. Nanging ya ana dolanan sing nyênêngake, jênênge kêndhi gêrit.

[Grafik]

Kêndhi gêrit iku bocah sawatara kèhe, cacahe ganêp, banjur diparo, upamane wolu, dadi patang rakit, gênti-gêntèn gendhongan, kang kabênêr padha anjaluk gendhong iku incone, sing dijaluki gendhong mungsuhe. Mêngko êndi sing kabênêr anjaluk gendhong, nguncalake gêmbung (upamane bal) mênyang kancane. Yèn kêtampan, banjur ingsêran panggonan, karo digendhong, sawise mandhêg, bocah sing anggawa gêmbung gênti nguncalake mênyang kônca liyane, yèn katampan, mingsêr panggonan manèh, mangkono sabanjure. Mudhun-mudhun saka gendhongan, yèn gêmbunge ora katampan. Banjur bocah sing dijaluki gendhong anjaluk gendhong gênti.

Yèn anggone alihan ênggon bisa nganti ambalèni mênyang panggonane lawas, diarani anggêrit. Yèn bisa anggêrit mau ana pituwase anjaluk gendhong nganti sawatara adoh, nganggo diancêr-ancêri doh cêdhake. Ancêr-ancêr mau diarani gêritan. Yèn bisa anggêrit mangkono mau gêdhening atine bocah-bocah sing mênang ora kira-kira. Dene sabanjure wiwit manèh, bocah-bocah sing mênang, têrus miwiti nunggang. Mangkono sabanjure.

Dolanan mangkono mau pancèn nyênêngake, tanpa grêjêg.

Sing uwis kalakon, bocah dolanan kêndhi gêrit iku bêtah nganti suwe, jalaran saka gênti-gêntèn anjaluk gendhong, kaya nunggang jaran, bocah sing ditunggangi mung manut sapangêrèhe. Sabên anggone diuncali gêmbung bisa nampani, anggone anjingklak nganti gawe kagète bocah sing dijaluki gendhong. Batine sing dijaluki gendhong: ya, mêngko gêntèn.

Kajaba iku, uga ana sing diarani dadi bango thonthong utawa pupuk bawang. Yaiku bocah milu ngêmori dolan, nanging ora milu apa-apa. Lumrahe sing dadi bocah cilik. Mêsthine kowe ngrêti, êndi sing diarani bango thonthong ing gambar iki.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

Ôngka: 105, 3 Pasa, Dal 1863, 31 Dhesèmbêr 1932, Taun VII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm: tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Tatwawara - Bab kêmpaling sipat-sipatipun sajatining manungsa - Bab rumêksa kasarasanipun tiyang ing pundi-pundi panggenan - Pasulayan Jêpan kalihan Tiongkok - Kawontênan ing Bofên Dhigul - Lêlampahan-lêlampahan ing salêbêtipun taun 1932 - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Tatwawara

[Gambuh]

Si Gambuh pijêr tutur / nora bosên anggêpe lir wiku / sajatine mung saka gone nêtêpi / wajibe wong dadi sêpuh / kudu ngrêti adon-adon //

bêbasan yèn tan uwur / iya sêmbur orane ya tutur / têlu iku yèn suwunga salah siji / ina sinêbut wong sêpuh / mundhak mung dadi gêguyon //

marma tan ketang-ketung / tansah dènnya mangun wulang-wuruk / kang sinêdya manjinga môngka pêpeling / miwah panggugahing kalbu / ywa darung dupèh dadyanom //

mung sarwa bôndha sanggup / kaduk wani rêringa kapungkur / nora wêruh tatakramaning ngaurip / kang padha ngarêpkên luhur / utamaning lair batos //

lah iki ana ngilmu / tinggalane para ahli laku / he sakèhe anak putu têmbe wuri / yèn sira kapengin wêruh / arah rahsaning dumados //

ywa mangan iwak jantung / limpa ginjêl ati miwah paru / sakèh iwak jêroan kudu sinirik / ing kono lamun winahyu / sira mêsthi nuli kraos //

--- 1654 ---

Rêmbagipun Sêmar, Garèng Lan Petruk

Bab kêmpaling sipat-sipatipun sajatining manusa

III.

Garèng : Ma, lagi anu rama wis mitêrangake wêwatêkane sêsipatan sing têlung warna, yaiku: 1e kang kaya angganing sato galak, 2e kang kaya angganing rajakaya lan 3e kang kayadene setan. Hla, saiki, ma, kapriye mungguh wêwatêkane wong kang asli, yaiku bôngsa kapangeranan.

[Grafik]

Sêmar : Hla, kiyi Nala Garèng, wêwatêkane iya têmtu rada ngèmpêri sêsipataning Pangeran, kaya ta: ora gêlêm saupama kinêrèh (kinawulakake) ing sapadhaning titah, nanging malah dhêmên kawasa marentah ing sapadhaning titah, maju mênyang mandhiri dhewe, aja nganti ambutuhake ing liyan, kapengin waskitha bisaa mangrêti ing sajatining kabèh kang dumadi, bungah lamun sinêbut wong pintêr, nanging prihatin manawa tinitaha bodho, lan sapêpadhane.

Petruk : Wah, ma, sing kok ngêndikakake kabèh iki, rak ora kêna saupama dilêbokake wêwatêkane manusa lumrah, amblês ambalêbês sing duwe wêwatêkan kaya mêngkono kuwi iya ... pinci upamane.

Garèng : Hla, kuwi nèk Petruk, le ora gênah kuwi têka langganan têrus-têrusan, wong kene lagi ngrêmbug bab kasampurnaning wong ngaurip, ana kok banjur mak: plênong, nyandhak araning kêrtu, apa kiyi gênah arane.

Petruk : Mêngko, Kang Garèng, aja kok banjur guru-guru muring-muring, tak têrangne dhisik. Rama dhèk mau ngandikakake bab wêwatêkane wong kang asli, kuwi jarene ora gêlêm saupama kinêrèh ing sapadhaning titah, nanging malah dhêmên kawasa marentah ing sapadhaning titah, maju mênyang mandhiri dhewe, ora ambutuhake ing liyan, lan sapiturute, lo, kiyi kabèh rak dudu sêsipatane wong lumrah, nanging sing mangkono kuwi

--- 1655 ---

mêsthine iya bangsaning: ratu. Hla, saiki apa sing kira-kira padha panguwasane (ajine) karo ratu, saupama krêtu mono rak iya pinci, ta, dadi saupama tumrape wong mono, iya wakil raja upamane.

Garèng : O, iya pancèn wong kênclung, ana wakil raja kathik dipadhakake pinci bae. Karo manèh, Truk, aku kok ora ngrêti gathuke karo apa sing dingandikakake rama.

Petruk : Lo, kuwi mangkene, Kang Garèng, saupama wong lumrah wêwatêkane: ora gêlêm kêrèh, nanging malah mung arêp marentah sapadhaning titah, maju mênyang mandhiri dhewe, ora ambutuhake liyan, lan sapadhane, yak, apa besuk nèk mati arêp ngubur awake dhewe, awit sabên uwong mêsthi banjur padha nyingkiri kabèh. Seje karo wong têlung prapat ratu, têgêse: wong sing panguwasane prasasat ratu, hla, iki arêpa mêngkena-mêngkene iya kêna-kêna bae. Awit balane ... ora kurang, sèh. Kaya ta marentah nindakake apa-apa, sasanadyansanadyan. kawulane ora gêlêm kabèh, iya bisa main: tidhak frêdhuli, dhawuh nyuda utang anjabêl panguripane para abdine, sanadyan para niyaka ora mupakat, para abdine padha mèwèk-mèwèk, iya bisa-bisa bae, ta, ngandika: ora bêrduli ...

Sêmar : O, kowe aja kaliru tômpa, Truk, wis mêsthi bae yèn wong lumrah iya ora bakal bisa nèk mung ngênggoni sipating bôngsa Kapangeranan thok bae, nanging sipat patang warna kuwi salawas-lawase tansah lumèngkèt ing manusa, malah dhasar wis kinodrat, yèn uriping manusa ana ing donya iki têmtu kadunungan sipat kang mangkono, ewadene nadyan mangkonoa, manusa bisa mangrêti ing pigunane watak mau, kuwi malah nêmahi ing kabêcikaning manusa ing donya tumêka ing akir, mulane manusa kudu ngrêti ing olah kridhane panganggone.

Garèng : O, ma, dadi nèk aku ora kaliru ing panômpa mungguhing pangandikamu, watak papat, yaiku 1e kang kaya angganing sato galak, 2e kang kaya angganing rajakaya, 3e kayadene setan, lan 4e anêtêpi kasucian bôngsa Kapangeranan, kuwi tansah lumèngkèt ajêgan.

Sêmar : Iya, iya, bênêr, Nala Garèng. Wah, nèk anakku siji kiyi nyang pangajaran agama pancèn iya cathekan bangêt. Ora adoh pêthèkku, nèk Nala Garèng ing besuk mêsthi bisa jumênêng ... juru ngêdum brêkat. Wis, wis, tak banjurne katêranganaku. Murih gampange dingrêtèni, katêranganaku kiyi tak dhapuke awarna sanepa, anjukuk salah sawijining sato kewan, lan liyane kang kira-kira bisa runtut kaya ta: hawa nêpsu, tak sanepakake sato galak awujud asu, kapinginan tak sanepakake awujud cèlèng, dene sajatining manusa, tak sanepakake hakim (dhoktêr tukang anggulawênthah ngajar ing kalakuaning kewan).

Garèng : Aku wis nyandhak, ma, asu kuwi wujud wadhaging badane pancèn iya ora beda karo wêdhus upamane, mung wêwatêkane sing beda jalaran asu kuwi galak gêlêm nyakot, nanging wêdhus [wê...]

--- 1656 ---

[...dhus] ora galak. Rak iya mêngkono ta ma, apa dudu: gandrik, putune Kyagêng Sela, kathik ora bisa nyandhak wêjangane si rama. Dene cèlèng kuwi wujude pancèn iya kaya kewan lumrah bae, nanging adat kalakuane dhêmên bangêt andhukir-dhukir ing ngêndi-êndi panggonan, marga saka dening lobane mênyang pangan, ngluwihi kewan liya-liyane, dadi saupama manungsa mono, iya Petruk kuwi, apa mèmpêr, wong sadhiyane wong saomah, batihe rong jinah, barêng klimpe, iya dilabasake nganti ludhês babarpisan.

Sêmar : Wiyah, wiyah, ambok aja bukak wadi mêngkono. Bênêr aturmu nyang jênêng ingsun, Nala Garèng, dadi cêkake, sing kacathêt ala, kuwi dudu wujuding badan wadhage, nanging adat kalakuane, yaiku: asu anggone duwe watak galak, lan cèlèng anggone duwe watak kêtha angôngsa-ôngsa mênyang pangan. Môngka watak rong warna iki padha kasandhang ing manusa. Ewasamono wataking kewan warna loro mau manawa diwulang dening wong kang wus putus ing kawruh kêkewanan, bisa dadi padha tutut, migunani ing manungsa. Lah ing mêngko sajatining manungsa sing disanepakake hakim mau, yèn bisa anggone nata ing kanêpson lan kapenginan sing disanepakake asu lan cèlèng, wis têmtu uga bisa runtut bêcik, kêna padha kaalap pigunane kabèh.

Garèng : Atas namane Petruk lan aku dhewe, ma, paringe wêjangan rama, apadene suguhane sing anjlêgabit-anjlêgabit, wis tak pundhi ana ing pucuking êmbun-êmbunan, sarta wis tak lêbokake ana ing ... wêtêng. Tak suwun marang kang Kuwasa, muga-muga tansah sêmpulur lan ngundhung-undhung rêjêkimu, supaya manawa Petruk lan aku sowan mrene, aja nganti mulih nglênthung.

Sêmar : Lho, lho, kok banjur padha rahab, turahane suguhan padha dibuntêli lan dibrêkat, o, iya pulo-pulo, wis takdiring Pangeran, ginanjar diparingi anak loro selo, karo-karone padha dêlap.

Bab buku

Redhaksi Kajawèn sampun nampèni buku: Bêbukaning Paramasastra Jawi, kangge murid ing pamulangan ôngka kalih, ingkang ngimpun, Radèn Sasrasumarta, ing Prabalingga, 3 iji, saking toko buku J.B. Wolters, Groningen, Den Haag, Batavia Gang Schott 5.

Paramasastra punika namung kapêndhêt ingkang sakintên maedahi lare Jawi ingkang wiwit sinau basa Jawi, ing perangan kapisan mawi mitêrangakên ing bab panyêratipun têmbung Jawi mawi aksara Jawi tuwin Latin. Makatên ugi bab tuntunan sêkaran sawatawis. Buku wau isi 95 kaca, satunggal buku rêgi f 1,25. Sintên ingkang kaparêng mundhut, mundhuta dhatêng toko buku wau.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên gênging panuwun.

Wangsulan redhaksi

Lêngganan nomêr 5960, ing Sêrèn. Karangan botên kapacak, amargi bab kados makatên sampun kêrêp kapacak.

Lêngganan nomêr 5131 ing Ngablak. Kajawèn mêntas macak karangan kados makatên, langkung panjang.

Tuwan P. ing Munthilan. Karangan panjênêngan sanès waosan lare.

Tuwan S.K.W. ing Banyudana. Babagan punika sampun nate kapacak ing Kajawèn.

--- 1657 ---

Bab Kasarasan

Bab rumêksa kasarasanipun tiyang, ing pundi-pundi panggenan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 102

Dene kuli-kuli ingkang nyambutdamêl ing kabudidayan utawi tumut kuli angkatan saradhadhu (expeditie) ingkang pikantuk cadhong sêkul pêthak awis pikantuk lawuh daging utawi sayuran enggal (sêgêr) punika kasarasanipun sagêd ewah. Kuli-kuli wau sagêd kataman sêsakit ingkang dipun wastani avitaminose, amargi têtiyang wau kêkirangan vitamine. Manawi têtiyang wau nêdhanipun kêkirangan vitamine saèstu lajêng sagêd thukul sêsakit ingkang sagêd aniwasi. Langkung-langkung têtiyang ingkang nyambutdamêl awrat, môngka têtêdhanipun kirang vitamine, punika thukulipun sêsakit langkung enggal tur ambêbayani. Saradhadhu utawi kuli-kuli ingkang tumut angkatan (expeditie) kêkesahan têbih mêdal wana-wana, limrahipun sami ambêkta sangu uwos pêthak gilingan, punika botên jalaran saking uwos pêthak sae warninipun dipun pilih tiyang wau, nanging uwos gilingan punika pancèn kiyat dipun simpên utawi dipun tandho dangu, beda kalihan uwos tuton, punika manawi dipun simpên dangu sakêdhik lajêng mambêt apêg utawi lajêng dipun têdha bubuk. Daging utawi sayuran ingkang dipun angge sangu têtiyang wau adat daging ing blèg (conserven) ulam utawi sayuran ing blèg punika sampun dipun stoom ambêntèri ingkang langkung saking bêntèr, prêlunipun bacterie utawi kewan lêmbat-lêmbat ingkang sok wontên ing ulam utawi sayuran wau sami pêjah, dados kiyat dipun simpên botên bosok. Ananging saperangan agêng vitamine ingkang wontên ing ulam utawi sayuran wau ugi risak utawi ical babarpisan. Mila têtiyang wau ingkang ngantos wulanan kêkesahan botên nêdha sanès kajawi sêkul pêthak tuwin ulam lan sayuran (conserven) mêsthi badan kêkirangan vitamine, ingkang lajêng sagêd nuwuhakên sêsakit ingkang dipun wastani vitaminose utawi bèri-bèri wau.

[Grafik]

Pêksi ingkang sakit bèri-bèri

Punapa sêsakit bèri-bèri punika thukulipun jalaran têtiyang nêdha têtêdhan ingkang kirang vitamine wau.

Sadèrèngipun kula nêrangakên bab sêsakit punika, prayogi nyariyosakên yèn ing taun 1894 Prof. Eijkman, dhirèktur Geneeskundig Laboratorium ing Bêtawi, nyipati piyambak saha damêl cobèn ing Laboratorium, ngingah ayam pintên-pintên ing lêbêt kandhang prêlu kangge ing ngriku. Ayam-ayam [A...]

--- 1658 ---

[...yam-ayam] wau sabên dintên dipun têdhani sêkul pêthak langkungan saking griya sakit, asring ayam-ayam wau ing kandhang sami sakit, sèmpèr suku utawi suwiwinipun, dangu-dangu ayam ingkang sakit wau sami pêjah. Ing satunggiling wêkdal ing griya sakit botên wontên langkungan sêkul pêthak, lajêng kapêksa Laboratorium ngawontênakên gabah, dumadakan ayam ingkang sèmpèr wau satunggal kalih wontên ingkang sagêd ngadêg, dangu-dangu sami ganggas saras. Ing satunggiling wêkdal malih ing griya sakit wontên langkungan sêkul pêthak, ayam wau lajêng pikantuk têtêdhan sêkul pêthak wau, dumadakan sawatawis dintên ayam-ayam wau kathah ingkang sami sakit sèmpèr, sêsakit ayam sèmpèr punika mèmpêr kadosdene sêsakit bèri-bèri tiyang, mila sêsakit ayam wau dipun wastani sêsakit bèri-bèri ayam, bokmanawi jalaran ing sêkul pêthak ingkang dipun têdha ayam wau botên wontên jasat ingkang sagêd andayani sarasipun ayam sakit wau, ananging ing gabah wontên utawi ngandhut jasat wau.

Prof. Eijkman anggènipun nyinau lan angudi bab thukulipun utawi ingkang anjalari ayam-ayam sakit wau, kanthi titi saha sarèh patitis, ngantos pinanggih manawi sêkul pêthak wau pancèn botên ngandhut utawi botên katutan siliripun uwos, dados tanpa jasat ingkang sagêd andayani saras utawi sêgêring badan wau. Sapêngkêripun Prof. Eijkman papriksan utawi pangudinipun bab sêkul utawi uwos pêthak gilingan ingkang anjalari ayam sami sakit sèmpèr wau, dipun lajêngakên dening Dr. Grijns kanthi titi saha patitis, pinanggihipun yèn ing siliripun uwos wau pancèn lêrês ngandhut jasat ingkang badan tiyang utawi kewan ambêtahakên sangêt.

Salajêngipun para dhoktêr ing Amerikah, angudi saha damêl papriksan tuwin cobèn, pinanggih manawi ing têtêdhan-têtêdhan wau wontên satunggiling jasat ingkang prêlu sangêt kangge gêsang (groei) saha sêgêring badan. Mila manawi tiyang nênêdha kaoncatan jasat ingkang migunani gêsang utawi sêgêring badan wau, tiyang punika katingal susut, dangu-dangu ringkih wêkasan sagêd tiwas.

Sêsakit bèri-bèri tiyang punika 40 taun kapêngkêr para dhoktêr mastani sêsakit ingkang nular (infectie ziekte) ananging sajatosipun sêsakit wau thukulipun jalaran tiyang ingkang sakit wau têtêdhanipun botên sagêd sontan-santun saha têtêdhan wau botên enggal utawi sêgêr.

Papriksan-papriksan ingkang sampun nyata saha wujud manawi sêsakit bèri-bèri wau sababipun saking têtêdhan sêkul pêthak gilingan punika ingkang damêl tuladha, inggih punika papriksanipun dhoktêr Vonderman insêpèktur dhoktêr, yèn ing pundi-pundi pakunjaran ingkang cadhongipun sêkul ingkang sae, têgêsipun sêkul ingkang katingal rêsik pêthak, ing ngriku kathah tiyang ukuman ingkang kataman sêsakit bèri-bèri punika. Ing pakunjaran ingkang cadhogipun sêkul abrit awon pikantukipun saking nutu pantun, dados sabên-sabên pikantuk uwos enggal tur mangkak, ing kunjaran ngriku tiyang-tiyang ukuman awis ingkang katrajang sêsakit bèri-bèri wau.

Sumadirja

Ind. Arts.

--- 1659 ---

Pawartos Sanès Praja

Pasulayan Jêpan kalihan Tiongkok

Manawi dipun tingali sabrebetan, bakuning sabab ingkang pinanggih wontên ing pasulayanipun Jêpan kalihan Tiongkok, cêtha bilih sampun awujud pêrangan rêrêmpon, sawarnining rêmbag-rêmbag ingkang pinanggih wontên ing môngsa punika, namung tumônja kadosdene bumbu, têgêsipun namung kangge jangkêp-jangkêpipun kemawon. Wontênipun dipun upamèkakên makatên, amargi sawarnining rêmbag wau, wohipun dèrèng katingal.

[Grafik]

Gambar ingkang kiwa: Tuwan Corkran, têngah Nyonyah Pawley.

Dene ing salêbêtipun pasulayan wau, manawi dipun petani, taksih pinanggih sabab warni-warni, ingkang salugunipun botên beda mêmala, inggih punika pasulayan rêmbag ing golonganipun piyambak-piyambak, ing bab among dagang tuwin sanès-sanèsipun. Nanging sarèhning sadaya wau katutup dening kawontênan agêng, dados botên katingal. Ewasamantên, sarèhning kawontênan wau mawi anggayut dhatêng sanès praja, tuwuhipun inggih dados rêmbagipun ngrika-ngriki. Kados ta ing bab kawontênanipun tiyang awon ing laladan Tiongkok, punika sayêktosipun namung tansah ngrêsahi adamêl kirang têntrêming nagari kanan keringipun, awit ingkang dipun wastani tiyang awon, inggih punika brandhal, cacahipun botên sakêdhik, gêgrombolanipun botên beda kadosdene barisan, malah ugi wontên kala mangsanipun golongan brandhal wau tumut angêmori damêl wadya praja utawi lumawan piyambak dhatêng mêngsah, ingkang kajêngipun ambelani praja. Manawi tumindak damêl, botên baèn-baèn, upaminipun ambegal kapal lumampah, anjarah- rayah momotan, utawi tiyangipun, ingkang pikajênganipun badhe pados têbusan. Tiyang ingkang dipun tahan punika limrahipun bôngsa ngamônca. Kados ta dèrèng dangu mêntas wontên bôngsa ngamônca nama Nyonyah Pawley tuwin Tuwan Corkran sami dipun tahan ing tiyang awon bôngsa Tionghwa, nanging kawusananipun sagêd uwal saking tahanan wau dening pakêmpalanipun bôngsa Jêpan. Tamtunipun bab makatên punika ugi anggayut dados sêsambêtaning pasulayanipun praja Tiongkok [Tiong...]

--- 1660 ---

[...kok] lan Jêpan.

Pancènipun makatên bêtahing donya punika tata têntrêm, mila tumrap pasulayaning praja kêkalih wau tansah dipun rêmbag dening praja sanès murih dados rukun, nanging pinanggihipun tansah salenca kemawon. Ing sapunika madêg kumisi malih badhe ngrukunakên pasulayanipun Jêpan kalihan Tiongkok wau, mawi nyuruhi Amerikah tuwin Sopyèt Ruslan, supados urun rêmbag. Nanging pamanggih makatên punika botên dados panujuning praja ingkang pasulayan kalih pisan, wosipun sami anduwa, botên anyondhongi manawi kumisakumisi. wau dindipun. mori ing praja Amerikah tuwin Sopyèt.

[Grafik]

Ministêr babagan prakawis sajawining praja Mansukuo, nuju badhe sowan nata Jêpan.

Ing sapunika ing sêmu katingal, Tiongkok katingal rukun kalihan Ruslan. Ing bab punika anjalari bingahipun rakyat Tiongkok, nanging kosok wangsulipun, Jêpan botên kadugi sangêt. Ing wusananipun wanuhipun praja agêng kêkalih wau malah nuwuhakên pangraos, bilih sadaya wau namung badhe andadosakên jalaraning ramèn-ramèn. Mila pinanggihing rukunipun praja Jêpan kalihan Tiongkok, taksih katingal lôngka kalampahanipun.

Ing sapunika tumrap Mansuriah, kawontênanipun inggih taksih upyêk kados adat kemawon, ing golongan wadya Jêpan Mansuriah ing Propènsi Kirin, malah kêgolong mêmêngsahan ingkang sakalangkung agêng, jendral golongan Tiongkok nama Pèng Can Ai mêntas marak-marakakên dhatêng golongan-golongan rakyat, mratelakakên bilih campuhipun kalihan mêngsah tanpa kèndêl, punika sajatosipun araos dados urub-urub, murih anênangi dhatêng manahing rakyat, supados purun ambiyantu, awit mênggah wawrating mêngsah pancèn botên kenging sinanggi sêsakecanipun. Ing sapunika golonganing wadya Tiongkok wau sarwa ringkih, dening sampun lêlawanan kalihan mêngsah salêbêtipun sataun. Punika tumraping golongan Tiongkok samia mangrêtos, bilih tindak sadaya wau wosipun ambelani bôngsa lan siti wutah rahipun.

Ing nginggil sampun kacariyosakên ing bab kasujananipun praja Jêpan dhatêng bab gandhèngipun Tiongkok [Tiong...]

--- 1661 ---

[...kok] kalihan Ruslan. Ing sapunika wontên pawartos saya cêtha, Tiongkok kalihan Ruslan sawêg ngawontênakên rêmbag ingkang dipun timbang wontên ing Mosko tuwin Nanking nêdya botên badhe têmpuh-tinêmpuh. Dene pinanggihipun rêmbag ing Polkênbon anggèning badhe ngrukunakên, saya cabar.

Dumugi samantên pawartos ing bab pasulayanipun praja kêkalih ingkang kasêbut ing nginggil.

Tanah Dalah Têtiyangipun

Kawontênan ing Bopên Dhigul

Sambêtipun Kajawèn nomêr 103

Adêgipun pulisi panjagi katêntrêman

Kacariyos sarêng ing Tanah Merah sampun wontên pangarsa kampung ingkang dipun akêni dening parentah saha punggawanipun, kawontênan ing Tanah Merah lajêng ewah. Ing sakawit botên wontên kuwajiban têtiyang kampung kêdah rundha kampung, ananging sarêng angèngêti salah satunggiling tiyang bucalan purun anindakakên lampah nistha, inggih punika purun anjêboli tanêman, mandung saha sasaminipun, mila lajêng dipun wajibakên têtiyang bucalan kakengingakên rundha thèthèk (anjagi katêntrêman kampung ing wanci dalu).

Nindakakên kuwajiban makatên punika botên sadaya tiyang bucalan purun anindakakên, jalaranipun warni-warni, inggih punika :

Wontên ingkang jalaran botên kiyat mêlèk ing wanci dalu lajêng dados sakit.

Wontên ingkang jalaran gadhah anak bojo, yèn katilar ing wanci dalu ajrih.

Wontên ingkang sabab botên sarujuk wontênipun rundha ing wanci dalu, awit nalika wontên ing nagarinipun sampun botên sarujuk wontênipun rundha punika. Kajawi punika botên prêlu kajagi, awit gadhah kamantêpan bilih têtiyang bucalan punika botên badhe purun anindakakên lampah nistha, jalaran sadaya tiyang ingkang sami kabucal punika angsal pasinaon sadaya.

Pamanggih ingkang makatên punika inggih lêrês, nyatanipun salêbêting sêsrawunganipun têtiyang bucalan sawêg wulanan kemawon dangunipun botên wontên ingkang ngangge kori. Ananging ing sarèhning sêsrawunganipun manungsa punika botên ajêg, amila inggih botên anèh, bilih kawontênan ing Tanah Merah inggih lajêng wontên tiyang bucalan ingkang purun nindakakên kanisthan. Ing sakawit yèn wontên tiyang manggih barang punapa kemawon kapasrahakên dhatêng warga pangrèh rad kampung, nanging danguning dangu botên makatên, salajêngipun ngantos wontên pandung-pandungan.

Têtiyang bucalan ingkang botên purun rundha kampung ingkang botên wontên sababipun, kasêrêg dhatêng magis rad saha kaukum sapantêsipun.

Ing Dhigul punika sarêng paprentahan kaasta ing priyantun B.B. lajêng kayasakakên pakunjaran.

--- 1662 ---

Ing suwau pakunjaranipun wontên ing tangsi saradhadhu. Pakunjaran punika ingkang kathah kaisenan têtiyang bucalan ingkang botên purun mêdal nyambutdamêl umum, ananging sarêng têtiyang bucalan sampun botên sami tampi arta pitulungan saking parentah malih, inggih punika sampun dados jaman bêrah dhatêng parentah, ukuman botên mêdal nyambutdamêl umum botên wontên.

Angèngêti sasrawunganipun têtiyang bucalan ingkang botên ajêg punika, golonganing têtiyang bucalan ingkang sarujuk nyambutdamêl kalihan parentah wontên ingkang anggadhahi ada-ada angawontênakên badan kapulisèn, inggih punika pulisi panjagi katêntrêman (Rust-en Orde Bewaarder).

Sabagean saking têtiyang bucalan ingkang sarujuk nyambutdamêl dhatêng parentah angawontênakên parêpatan angrêmbag bab panyuwunipun palilah dhatêng parentah dipun sarujuki lan botênipun. Sababipun badhe ngawontênakên pulisi panjagi katêntrêman punika wontên kalih prakawis:

I. Angèngêti dhatêng sêsrawunganipun têtiyang bucalan sampun mèh sami kalihan sêsrawungan ing nagari rame.

II. Parentah tamtu badhe ngawontênakên pulisi kangge anjagi katêntrêman ing Tanah Merah, katimbang kawontênakên pulisi ingkang sanès tiyang bucalan, langkung sae kawontênakên pulisi tiyang bucalan piyambak.

Kajawi kalih prakawis punika, wontên ing salêbêting parêpatan wontên ingkang mêwahi rêmbag supados kasuwunakên arta ganjaran kangge têtiyang bucalan ingkang sami kadadosakên pulisi panjagi katêntrêman (mila namung kasuwunakên arta ganjaran, awit ing wêkdal punika tiyang bucalan taksih tampi arta pitulungan saking parentah).

Badhe kasambêtan, Aris Munandar.

[Grafik]

Tiyang Sugih

Tiyang sugih punika pinanggihipun wontên ing Eropah, Amerikah tuwin sanès-sanèsipun, manawi sugihipun sangêt, dipun wastani miliyonèr. Tumrap nagari Walandi pinanggih wontên 1200. Sanadyan praja Jêrman, ingkang nuju kêmlaratan, cacahing miliyonèr malah mindhak. Tumrap bôngsa Jêrman, ingkang pinanggih sugih piyambak, tilas nata rumiyin.

Ingkang pinanggih ing Amerikah, gunggunging bôngsa miliyonèr wontên 45.000. Kranjingan, ingkang ugulunggul. piyambak nama Tuwan D. John Rockefeller, artanipun wontên 250.000.000 dhollar. Pajêgipun kala taun 1931 wontên 7.435.170 dhollar.

Gambar ingkang sumandhing punika gambaring wayahipun tuwan Rockefeller, nama Nonah Blanchette ingkang nêmbe palakrama angsal Tuwan Terry Hooker. Tamtunipun inggih sugih.

--- 1663 ---

Ngobrol Ing Dintên Sabtu

Lêlampahan-lêlampahan ing salêbêtipun taun 1932

Wêdaling Kajawèn ing dintên punika kalêrês dhawah ing tanggal 31 December 1932, dados dhawah ing tutuping taun. Kados limrahing ariwarti utawi kalawarti ingkang sampun sami tumindak, ingriki prêlu amèngêti utawi adamêl wawasan tumrap lêlampahan-lêlampahan ingkang sampun kadadosan ing salêbêtipun taun 1932 wau. Nanging ing sarèhning kadadosan-kadadosan wau warni-warni sangêt, badhe kirang papanipun saupami kaandharna sadaya. Amila ingriki namung amilih salah satunggal angandharakên kawontênan ingkang sakintên prêlu kasumêrêpan utawi kawigatosakên dening akathah. Dene saking pamanggih kula, ingkang kula anggêp langkung prêlu katêrangakên, inggih punika: kadadosan-kadadosan ingkang gêgayutan kalihan lampah morat-mariting kaeconomiean, ingkang anjalari dados pêpêtênging bawana.

Mênggah utaminipun kados langkung prayogi bilih kula wiwiti saking tanah kilenan rumiyin. Awit punika ingkang dados tuking rêmbag ingatasipun bab wau, sarta ingkang kula anggêp tumuwuh wontên ing praja Duitschland.

Kados para maos sampun sami anguningani, bilih kala wontên pêrang agêng ing donya, karajan Duitschland kasor yudanipun, satêmah lajêng maanani praja Duitschland kêdah anglintoni wragad2 minangka lêlintunipun anggèning kasoran dhatêng praja-praja mêngsahipun, saha lajêng kêpêksa sugih sambutan dhatêng praja-praja wau, inggih punika: Inggris, Pêrancis tuwin Belgie. Saking kathahing sambutanipun ingkang kêdah dipun bayar, dados bilih pêmbayaring sambutanipun wau kêdah dipun wontênakên sadaya, sampun tamtu kemawon praja Duitschland badhe katêlasan akal budi tuwin kêkiyatan. Mila murih sagêdipun anyêkapi kabêtahan tumrap samudayanipun, lajêng anggadhahi pênêmbung dhatêng nagari-nagari ingkang dipun sambuti punika, supados paniciling sambutanipun kenginga dipun undurakên. Wontênipun Duitschland anggadhahi panêmbung makatên wau, prêlu badhe tata-tata.

Nanging kosokwangsulipun praja-praja ingkang sami dipun sambuti wau, inggih punika: Inggris, Pêrancis tuwin Belgie, jalaran kathahing arta kangge wragading pêrang, ugi kêpêksa gadhah sambutan, inggih punika dhatêng Amerika. Amila karajan tiga wau botên sagêd anglêksanani panêdhanipun Duitschland anggèning nêdha mundur bab cicilaning sambutanipun, kajawi ta manawi Amerika ugi suka kalonggaran purun ngundurakên sambutanipun karajan têtiga wau.

Mênggahing Amerika, kabêkta saking anggènipun gêgayutan prakawis wontênipun dêdagangan kalihan Duitschland, punika sajatosipun ambêtahakên sangêt dhatêng gêsangipun nagari Duitschland. Jalaran saking punika Amerika inggih lajêng amituruti punapa ingkang dados panêdhanipun karajan têtiga ingkang sami nyambut wau, ingkang salajêngipun ugi anglêksanani panêdhanipun karajan Duitschland.

Awit saking angsal kalonggaran makatên wau, praja Duitschland lajêng sagêd ambêkan saha sagêd tata-tata amêmule ing karisakanipun.

Wiwit kina-makina karajan Duitschland punika onjo piyambak ingatasipun padamêlan babagan pabrik-pabrik. Ingkang makatên wau jalaran kabêkta saking tanahipun ngriku sugih pêlikan warni-warni, kadosta: tosan, waja, arêng sela lan sasaminipun. Ananging tumrap pamêdal babagan têdha, kadosta, gandum, mêrtega, kèju lan sapanunggilanipun, punika kirang sangêt saha kapêksa andhatêngakên saking praja-praja sanès, upaminipun saking: Nederland, Denemarken, Polen lan sapiturutipun.

Sarêng praja Duitschland rumaos angsal kalonggaran, saking pangatos-atosipun, lajêng anuwuhakên budidaya adamêl ada-ada ingkang ing têmbung manca dipun wastani: "Autarkie" têgêsipun: sadaya-sadaya ingkang dados kabêtahan badhe dipun wontêni utawi dipun sêdhiyani piyambak. Tumrap ing praja Duitschland akalan ingkang makatên punika sagêd kasêmbadan, awit parentahipun nagari ngriku punika ingkang kathah-kathah sami wontên ing tanganipun para tuwan tanah (landjonker), ingkang lajêng sami ada-ada angajêngakên tanêman gandum, adamêl mêrtega lan kèju piyambak, lan sapanunggilanipun. Ing wusana kêlampahan suda sangêt anggènipun andhatêngakên barang-barang têtêdhan saking praja-praja sanès. Dados

--- 1664 ---

arta ingkang mêsthinipun kêdah kablanjakakên dhatêng sanès praja, samangke sagêd lumêbêt wontên ing nagarinipun piyambak.

Manawi dipun sawang sakêclapan, trajangipun karajan Duitschland ingkang makatên wau, mila inggih katingal pêng-pêngan sangêt, sabab lajêng katitik kadosdene sagêd jumênêng pribadi, tanpa gumantung dhatêng kêkiyataning liyan. Nanging salugunipun tindak ingkang makatên punika sêmu-sêmunipun kados badhe mangsulakên kawontênanipun ing jaman kina, ingkang jalaran saking kirang ing sêsêrêpan, kirang sampurnaning pasrawungan, cêkakipun saking kiranging sampurna ing samudayanipun, satunggal lan satunggaling praja kêpêksa kêdah namung gêsang sacêkapipun piyambak. Nanging ing jaman modern punika, ingkang sadaya-sadayanipun kenging kawastanan sampun sarwa sampurna, satunggal lan satunggaling praja ingkang sampun tata, kêdah samad-sinamadan sadhengah ingkang dados kabêtahanipun.

Kadosdene Duitschland satunggiling praja ingkang kathah pabrik-pabrikipun, ing kala rumiyin ingkang dados kiranging têtêdhan andhatêngakên saking sanès-sanès praja, nanging kosokwangsulipun bab barang-barang wêdalan ing pabrik-pabrikipun, satirahipun ingkang dipun angge piyambak, lajêng kasade mêdal dhatêng nagari sanès-sanèsipun. Nanging awit saking tuwuhing ada-ada enggal ingkang larapipun namung badhe mikantukakên dhatêng prajanipun piyambak, inggih punika badhe ngadani ngawontênakên kabêtahan têdha piyambak, botên prêlu andhatêngakên saking praja sanès, punika kajawi wêdaling panggaotan ing pabrik-pabrikipun suda dening kalong kangge angwontênakên kabêtahan têdha wau, ugi lajêng adamêl kirang sênêng ing nagari sanès-sanèsipun, ingkang suwau purun alêlayanan kalihan Duitschland. Ing wusana nagari sanès-sanès wau lajêng sami anggraita, bilih Duitschland anggadhahi kajêng sasêkecanipun piyambak, barang-barang dêdaganganipun kapurih numbasi praja sanès, nanging botên purun gêntos têtumbas dhatêng barang2 dêdaganganipun praja sanès, ingkang pancènipun dados kabêtahanipun. Satêmah praja-praja wau lajêng satêngah mbekot dhatêng barang-barang dêdaganganipun Duistchland. Ing mangka suwaunipun praja-praja ing Europa punapadene Amerika, punika sami sagêd anyade barang-barang dêdaganganipun ingkang awarni bangsaning têtêdhan dhatêng nagari Duitschland.

Nanging sarêng Duitschland nindakakên "autarkie" inggih punika nêdya anyêkapi kabêtahanipun kalihan dayanipun piyambak wau, satêmah praja-praja kasêbut nginggil, lajêng sami kêpêksa kandhêg botên sagêd nyade barang-barangipun, ingkang tansah tumandho-tandho. Awit saking punika nagari-nagari wau, ing sarèhning barang dêdaganganipun ngantos tumandho-tandho, sampun têmtu kemawon lajêng botên prêlu nindakakên padamêlan padagangan malih, ingkang wusananipun lajêng maanani kathahing kaum angguran ingkang sami botên nyambutdamêl.

Kula mêndhêt minangka kangge upami praja Duitschland, punika namung kangge cêthanipun. Mênggah sajatosipun ingkang nindakakên makatên wau, sadaya karajan ing Europa tuwin ing Amerika, langkung-langkung mênggahing praja Inggris. Malah ingriku dipun wontênakên pranatan, miturut prajanjian ing Ottawa (Canada), ingkang nêtêpakên lêbêting barang-barang manca sarana dipun paosi awrat. Dados ingriku pikajêngipun mikangsalakên, murih migunakakên barang-barangipun piyambak.

Jalaran praja-praja ing Europa tuwin Amerika sami botên pêpajêngan barang-barang dêdaganganipun, dados inggih lajêng botên sagêd têtumbas barang-barang kabêtahanipun dhatêng praja sanès. Ing mangka ingkang sampun-sampun praja-praja wau sami ambêtahakên sangêt dhatêng barang-barang dêdagangan saking sanès praja, kadosta ingkang awarni: gêndhis, sata, kinini lan sapanunggilanipun. Dene barang-barang punika ingkang sabagean agêng asalipun saking tanah Indonesia. Ing sarèhning praja-praja wau sami botên purun anampèni malih barang-barang dêdagangan wêdalan Indonesia, ing tanah Indonesia inggih lajêng tumut anandhang kadadosan ingkang mandhêg punika. Têgêsipun: barang-barang tumandho-tandho, pabrik-pabrik sami tutup, têtiyangipun lajêng kathah ingkang sami botên nyambutdamêl. Cêkakipun tanah Indonesia lajêng sakalangkung morat-marit mênggah lampahing kaeconomieanipun. Satêmah tanah Indonesia lajêng kêkirangan arta sangêt, jalaran arta ingkang lumêbêt prasasat botên wontên, ngantos kalampahan Pamarentah piyambak, saking kiranging pamêdalipun, tumut kêcingkrangan arta. Wusana pados pêpulih sarana ichtiyar warni-warni, kadosta: nyuda blanjaning punggawanipun, ngindhakakên paos-paos, ngawontênakên paos enggal lan sapiturutipun.

MinurutMiturut. andharan inginggil kawontênanipun ing tanah Indonesia ing salêbêtipun taun 1932, awit saking tumandho-tandhoning barang-barang dêdagangan têtêdhan ingkang botên pajêng kasade wau, wontênipun têtêdhan sanyatanipun langkung nyêkapi, nanging sêbab botên pêpajêngan, wontênipun arta kirang sangêt. Ingkang makatên wau amila para kawula ingriki sajatosipun botên kêkirangan têdha, namung kemawon jalaran langkaning arta botên sagêd tumbas barang-barang sanèsipun.

Dumadakan anyarêngi kalamangsanipun karajan Jêpan pasulayan kalihan Tiongkok, ingkang anjalari kapitunan agêng tumrap lampahing among dagang Jêpan. Awit lajêng kecalan lêlawananipun dagang ingkang agêng, inggih punika Tiongkok. Sarêng Jêpan anyumêrêpi glagat utawi kawontênanipun ing tanah Indonesia kêkirangan arta, paribasanipun kadosdene bubuk angsal êlèng. Sanalika Jêpan angsal pamanggih

--- 1665 ---

anjêmbarakên pêkênipun dhatêng tanah Indonesia, saha sumêdya ngêjori barang-barang dagangan Europa sarana milahakên rêrêgèning dêdaganganipun. Ingkang makatên wau inggih sagêd kalêksanan, jalaran:

1e. Barang-barang dêdaganganipun ingkang pancènipun sagêd kasade dhatêng Tiongkok, saha lajêng dipun bekot, satêmah tumandho-tandho, ing samangke sagêd dipun kintunakên sarta kasade wontên ing tanah Indonesia. Dados ingkang pancènipun ingkang suwau namung dados tandhon kemawon, lajêng sagêd kasade sapajêng-pajêngipun.

2. Jalaran mêdhaking rêrêgèn arta yèn. Katingalipun ing sajawining praja Jêpan, barang-barang dêdaganganipun wau wontên ing nagarinipun piyambak, Jêpan, sajak langkung awis tinimbang ing sajawining praja, ngantos Jêpan kadakwa anglampahakên politiek "Dumping". Namung mênggah nyatanipun botên makatên. Awit ing salêbêtipun praja ajining arta yèn kados taksih têtêp ajêg kemawon, ngêmungakên ing jawi ajining arta yèn wau pancèn mandhap sangêt. Amila sawarnining dêdaganganipun ingkang sami kasade wontên ing sajawining praja, lajêng sagêd mirah sangêt.

3e. Bab lampahing bêrahan. Para kaumipun bêrah ing tanah Jêpan punika bayaraning panyambutdamêlipun inggih saklangkung mirah. Dados pawitan ingkang kangge ngepahi kaum bêrahipun wau, sagêd amêwahi kathahing barang dêdaganganipun.

Minangka panutuping obrolan punika, mênggahing pangrêmbag, tumrapipun tanah Indonesia ing wêkdal samangke, nama angsal pitulungan, sabab saupami Jêpan botên andhatêngakên barang dêdaganganipun ingriki, sampun tamtu kawontênaning têtiyangipun sangsaya badhe langkung rêkaos, dening sampun katêrangakên ingajêng: "kêkirangan arta". Sapunika sarêng wontên barang-barang Jêpan ingkang rêginipun mirah sangêt, satêmah sagêd anggonjingakên barang-barang dêdagangan Europa lan sanès-sanèsipun, awit lajêng botên pêpajêngan, kawon dhêsêk kalihan dagangan Jêpan, amila kêlampahan toko-toko sanèsipun wau lajêng sami kilak tumut nyadèkakên barang Jêpan. Dados kaprigêlanipun Jêpan ingkang makatên punika, kenging kawastanan prasasat ambiyantu kacingkranganipun tanah Indonesia, inggih sanajan badhe kadospundi kadadosanipun ing wingking.

Wusana kula ngucap sukur, dene wontênipun galagat ingkang sajak badhe ngirangakên tata-têntrêming jagad, sagêd kaêndhihakên dening pambiyantunipun Jêpan, ingkang warni mirahing dêdaganganipun wau. Botên langkung namung tata kêrtaning tanah Indonesia ingkang tansah dipun ajêng-ajêng pun

PENTOEL

BATANG GADIS

[Grafik]

Sêsawangan lèpèn Batang Gadis ing Kitha Nopan. Tapanuli.

--- 1666 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS

TANAH NGRIKI

Kalawarti "Sendjata Ra'jat". Pakêmpalan P.I. ing Sêmarang, gadhah sêdya badhe ngêdalakên kalawarti kanamakakên "Sendjata Ra'jat."

Dayaning jaman kamajêngan, sintêna kemawon botên nêdya kantun, sanadyan jamanipun sawêg kados makatên, wêdaling kalawarti malah saya ambrubul. Pinuji sêdya wau sagêda kasêmbadan.

[Grafik]

Pisungsung dhatêng nata ing Zweden. Sampun sawatawis dintên Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana ing Surakarta tampi bintang saking karajan Zweden. Ing sapunika Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana malêsi ngaturi pisungsung dhatêng Srinata ing Zweden, awarni gambar dalêm, wangkingan tuwin pêdhang. Inginggil punika gambaring utusan dalêm; K.P.A. Hadiwijaya nalika nampèkakên barang dhatêng Tuwan Carl O. de Dardel, konsul Zweden ing Bêtawi.

Suka wilujêng dhatêng Philippina. Tuwan Thamrin pangarsa P.P.P.K.I. mêntas kintun telegram dhatêng Senaat ing Manila, asuraos: atas namaning pakêmpalan ngaturakên pamuji wilujêng anggènipun sampun angsal kasagahan saking Amerika, 12 taun malih badhe kamardikakakên.

Ing Kajawèn sampun nate martosakên bab kamardikan wau kirang 8 taun, punika kalintu, lêrêsipun 12 taun. Pangayubagya ingkang kados makatên wau raosipun anocogi kalihan kajênging jaman.

Durjana nêmpuh pagantosan. Griya pagantosan ing Labuan, Serang mêntas kalêbêtan durjana, sagêd mêndhêt barang-barang mas tuwin salaka. Salajêngipun sagêd nyêpêng tiyang ingkang kadakwa.

Jamanipun saya rupêk, kabêtahanipun saya ngangsêg tumrap tiyang ingkang botên pinaringan èngêt, adhakan lajêng supe. Mugi tumuntêna têntrêm.

Panyadean pakaryan candu. Panyadean-panyadean candu ing tanah Sumatra kathah ingkang badhe dipun suwak. Suwaking griya-griya panyadean candu wau atêgês dados indhaking tiyang nganggur. Pakêmpalan panyêgah madat, nama manggih nang-nangan. Nanging tutuping panyadean wau punapa jalaran saking kathahing tiyang mêdhot, punapa jalaran saking sudaning têtiyang ingriku, dèrèng cêtha, namung mirid ing nalar, inggih jalaran saking kathahipun kuli-kuli ingkang dipun antukakên.

Factorij tuwin koninklijke Petroleum Mij. sami badhe ngindhaki blanjaning punggawa. Wontên pawartos, Factorij badhe ngindhaki blanjaning punggawa ingkang anèm-anèm, wiwit benjing 1 Januari 1933. Makatên ugi Koninklijke Petroleum Mij. benjing 1 Januari 1933 ugi badhe ngindhaki blanjaning punggawa, ing salêbêting sataun. Wontênipun dipun indhaki, awit sampun sawatawis taun botên ngindhaki blanja.

Pawartos indhakan blanja, tumrapipun wontên jaman sapunika, ngantos katingal kados pakabaran anèh. Tamtunipun indhakan wau araos nikmat yêktos.

Badhe nganyut tuwuh jalaran arta. Sawênèhing Luitenant-ajudant ing Ngayogya nama de R. nalika badhe kapindhah dhatêng Larantuka, arta kas ingkang dados tanggêlanipun kirang f 8000,-. Tuwan wau lajêng badhe nglalu sarana natas urat ugêl-ugêl. Rahayu lajêng katututan.

Dayaning arta kados makatên punika adhakan damêl pêpêtêng. Tumrap ingkang nglampahi ngantos sami bingung, wontên ingkang lajêng miruda, wontên ingkang ngakên, tuwin wontên ingkang badhe nglalu. Lah pundi ingkang nama sae.

Pabrik sès krètèk tutup. Pabrik sês krètèk ing Tulung Agung tuwin Blitar sami katutup, cacahipun tiyang angguran wontên 50.000. Sêsulaking kitha ngantos katingal sêpên. Samantên dayaning jaman gumêlar enggal.

Dayaning pajêg sata ing Magêlang. Jalaran saking tumindaking pajêg sata, padagangan sata mandhap sangêt, rumiyin sata ingkang sapikul rêgi f 80.- sapunika namung rêgi f 2.50. Lan malih pabrik-pabrik srutu ing Magêlang ingkang rumiyin sami misuwur, ngantos ngangge bêbau ewon, ing sapunika namung ngangge tiyang dasanan kemawon. Sata-sata sami bêbrêg wontên ing parimatan.

Kawontênan kados makatên punika ing sapunika pinanggih sawêg umum, padagangan pêjah, têtiyangipun kathah ingkang kecalan têdha. Mugi wontên wêwêngan tuwin margi ingkang damêl kamayaran.