Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-02, #1805

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1935, #1805
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-01, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1483.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-02, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1484.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-03, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1485.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-04, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1486.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-05, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1487.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-06, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1488.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-07, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1489.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-08, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1490.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-09, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1491.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-10, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1492.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-11, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1493.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-12, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1494.

Ôngka 9, Stu Pa, 27 Sawal Wawu 1865, 2 Pèbruari 1935, Taun X

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [129] ---

Ôngka 9, Stu Pa, 27 Sawal Wawu 1865, 2 Pèbruari 1935, Taun X

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1,50. Bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Tatwawara - Bêcik Kêtitik Ala Kêtara - Ingah-ingahan Ulam ing Blumbang - Cariyos Bab Kolerah ing Jaman Purwa - Kawontênan ingkang Têntrêm - Adpêrtènsi - Bab Gadhah Damêl Cara Modhèrên - Kabar Warni-Warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Tatwawara

[Gambuh]

Roganing raga iku / waton durung praptèng mangsanipun / yêkti bangkit waluya dening jêjampi / nadyan mung bangsaning têmu / kono sok tinêmu jodho //

judhêge yèn kêpranggul / ing lêlara kang arda wèh kisruh / yèku lamun kênèng lêlaraning ati / awit yèn mung bôngsa jamu / kang mandi kang cêsplêng yêktos //

masa bisaa tulung / dêstun malah mung muwuhi rapuh / lamun nora antuk usada prêmati / tan na lyan kang kang bisa tulung / kajaba dèn dus we kaot //

sapa kang lagya nêmu / ing lêlakon kang tan gawe sarju / apa manèh pangarêp-arêpe lusi / pasthi nuli rêmak-rêmpu / pikire rusak lir growong //

marmane yèn pinetung / janma iku kèh kang mangro manglu / mung unine bae kang tansah drêmimil / ya Allah Kang Maha Agung / nanging sanyatane goroh //

dadi baturing batur / durung manjing kawulèng Hyang Agung / tan rumasa kinawulakkên si sêdhih / lan si bungah kang dèn turut / sinêmbah-sêmbah tan towong //

--- 130 ---

Raos Jawi

Bêcik Kêtitik Ala Kêtara.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 8.

Môngka manawi ngèngêti anggêr ugêring kamanungsan, gunanipun kasagêdan punika kajawi kangge ngupados sandhang têdha, ugi kangge suka sêsuluh dhatêng ingkang taksih kapêtêngan, kasugihan kangge têtulung dhatêng ingkang kacingkrangan saha kawiryan utawi kadrajatan kangge nuladhani saha nênuntun dhatêng kawilujêngan punapadene karaharjan dhatêng andhahanipun.

Ing dalêm jaman sêsrawungan ingkang rame punika, wontênipun pancèn sarwa ewuh aya ing pambudi, awit gêlar pêpenginan saya kathah, mila manawi tilar kawaspadan, weya anggènipun ngangge abon-aboning panêmbah, mêmpêng anggènipun ngangge kêkêraning ngèlmu karang, inggih punika ngumbar ubaling kanêpson, botên sande badhe dhumawah ing tiwas.

Tumrapipun tiyang ingkang sampun waspada, botên gampil kenging gêlar pêpenginan, botên tahan badhe tumut edan-edanan, awit pancèn botên edan, dhasar piyambakipun mangrêtos sanadyan edan-edanan punika sagêd angsal melik, nanging taksih kawon kalihan melik ingkang angsalipun saking kawaspadan.

Botên ngêmungakên babagan ngupados sandhang têdha kemawon ingkang èwêd pakèwêd ingkang botên kenging tilar kawaspadan, sanadyan sêsrawungan kalihan tôngga têpalih inggih makatên ugi, sampun ngantos namung manut êmbyaking akathah, bêbasan anut grubyug ora wêruh ing rêmbug. Manawi pancèn têtela tiyang kathah wau botên lêrês, prayogi dipun singkiri, sukur bage sagêd nyukani pêpadhang ingkang supados sami puruna ngicali kamurkanipun. Inggih lêrês tiyang kathah ingkang sami nêrak wêwalêring ngagêsang punika awrat sangginipun, awit adhakanipun dipun sêngiti tiyang kathah, nanging tumrap tiyang ingkang nêtêpi kamanungsanipun, botên badhe ajrih dipun sêngiti tiyang kathah, ingkang tumindakipun sami mrêngkang saking ugêr anggêring kamanungsan, awit tansah èngêt dhatêng bêbasan: bêcik kêtitik ala kêtara.

Dèrèng tamtu manawi tiyang dipun sêngiti ngakathah punika tiyang awon, saha dèrèng mêsthi manawi tiyang ingkang dipun rêmêni ngakathah punika tiyang sae, sadaya wau kêdah dipun taliti nalar-nalaripun akanthi kawaspadan. Para bêbauning pulisi punika dipun sêngiti pandung, para panjênênganipun nabi dipun mêngsah angkara murka, punika sampun dados anggêring jagad. Nanging ingkang mimpang inggih ingkang kanthi kawaspadan punika. Mila manawi tiyang sampun anindakakên padamêlan lêrês, sampun ngantos mèngèng dhatêng panggodhaning setan ingkang pawakan manungsa. Sampun ajrih, kêdah santosa.

Kacariyos ing padhalangan, Radèn Subali punika waunipun ambêg pinandhita, digdaya tanpa

--- 131 ---

tandhing, lêpat ing pêjah, jêr gadhah aji pôncasona, sarêng dipun puruhitani sang raksasa raja ing Ngalêngka Prabu Dasamuka, ratu angkara murka candhala ing budi, Radèn Subali dipun pundhi-pundhi ing raksasa praja,raja. saking êndêming kamuktèn saha pangaji-aji wau, kapandhitanipun sirna, katularan dhatêng pambêging raksasa, tega dhatêng rayi Radèn Sugriwa, têmahan Sang Subali sirna dening Sang Ramabadra. Punika dados satunggiling pratôndha, bilih pun angkara punika lêbur dening pangastuti.

[Grafik]

Dasamuka

Ing salajêngipun Sri Dasamuka sasêntananipun kajawi Arya Wibisana, sami sangsaya wêwah angkara murkanipun, jagad nêdya kinêlun, kaendran dipun risak. Sang Arya Wibisana dalasan ingkang eyang Bagawan Sumali, saha ingkang ibu Dèwi Sukèsi botên kêndhat atur (paring) pêpèngêt dhatêng Sang Rahwana, nanging botên dipun paèlu, wêkasanipun sami mundur palarasan, Sang Arya Wibisana tumut Sang Rama, nagari Ngalêngka lêbur, Sang Rahwana sasêntananipun sirna ing ayuda. Dados saya cêtha bilih pun murka punika lêbur dening pangastuti.

Sanadyan lêlampahan punika sampun langkung saking sèwu taun, ewadene sok tiyanga ngakêni lêrêsipun Sang Rama, lêpatipun Sang Rahwana, awit inggih: bêcik kêtitik ala katara wau.

Mila ing salêbêtipun jaman edan punika sampun ngantos tilar kawaspadan, saha ngèngêtana dhatêng lêlampahanipun para sarjana sujana ing kina.

S. Darmaprawira. Kêpanjèn, Malang.

--- 132 ---

Kawruh Sawatawis

Ingah-ingahan Ulam ing Blumbang

Sambêtipun Kajawèn nomêr 8.

Dene pratikêlipun amêdhoti yiyit punika sarana wilah ingkang tipis, wilah wau kairingakên, nuntên kalêbêtna ing toya sangandhaping tigan ingkang taksih kagubêd ing yiyit. Lajêng wilah wau kajunjung manginggil alon-alon sampun ngantos wilah wau nyenggol tigan, pratikêl kados makatên punika tigan lajêng sagêd sami uwal saking yiyit. Bilih tigan-tigan wau sampun umur 3-4 dintên, êndhasipun sampun katingal, inggih punika ingkang kawastanan bayongan. Wondene cangkoking tigan-tigan wau taksih kanthil-kanthil wontên wêtênging bayongan, nanging manawi bayongan wau sampun mindhak agêngipun, cangkoking tigan saya alit, wusana saya dangu saya botên katingal babarpisan, sagêd ugi lajêng dados lapisaning kulit wêtêngipun bayongan wau.

Manawi bayongan wau sampun umur watawis 20-25 dintên, sampun kenging kapindhah saking pangaron kasêbut nginggil dhatêng blumbang ingkang lêbêtipun toya kintên-kintên 15 cm. Bayongan wau katêdhanana bubur akas. Ing nginggil balumbang katutupana blarak utawi blêkêtepe. Manawi sakintên sampun umur 2-3 wulan, bayongan wau sampun kenging lajêng kapindhah malih dhatêng blumbang ingah-ingahan ingkang kagodhag-godhag kados ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil.

Kangge têtiyang padhusunan ing bawah kabupatèn Magêlang, ulam gramèh punika kaanggêp ulam ingkang èdi piyambak, tandhanipun ing pundi wontên tiyang gadhah damêl ingkang asarana mawi pasugatan, ing ngriku tamtu wontên lawuhipun ulam gramèh. Pancèn nyatanipun ulam gramèh punika dhasar dagingipun momol, êrinipun agêng-agêng wontên ing gigir, êri ingkang alit-alit botên wontên. Upamia ulam sagantên makatên saminipun ulam kakap.

[Grafik]

Ulam kakap wujudipun kados ulam gramèh.

Umur-umuranipun ulam gramèh punika panjang sangêt, katitik wontên tiyang ingkang ngingah sampun 25 taun sapriki taksih gêsang, agêngipun sabantal.

Ing sarèhning bôngsa ulam èdi tur dèrèng kathah ingkang sagêd nêtêsakên piyambak, bayongan gramèh satunggal umuripun 2-3 wulan sampun pajêng saêsèn, sadhistrik Salam tiyang ingkang sagêd nêtêsakên ulam gramèh sawêg satunggal, inggih punika nama Jadikara, ing dhukuh Kêmambang dhusun Ngluwar.

--- 133 ---

Bab anêtêsakên ulam tômbra bêndha, bêkèpèk lan sanès-sanèsipun dèrèng wontên, sababipun ing lèpèn-lèpèn, ingkang mêsthi lèpèn Praga, sampun kathah bayonganing ulam-ulam wau, dados tiyang-tiyang ingkang kapengin ngingah ulam, sami mêndhêti kemawon ing lèpèn Praga, kados caraning tiyang kêpengin ngingah ulam bandêng, lajêng mêndhêti utawi tumbas bayongan saking sagantên.

Tiyang ingkang têbih lèpèn, botên sagêd mêndhêt ulam bayongan, manawi nêdya purun anêtêsakên ulam, nadyan ulam punapa kemawon inggih sagêd kalêksanan, pratikêlipun kados anêtêsakên wadêr bang kasêbut nginggil.

Ingkang utami piyambak manawi tiyang-tiyang sami purun ngingah ulam ing sabin, sabab kajawi ulamipun enggal agêng, tanêmanipun pantun ugi sagêd sae, makatên ugi sagêd anêbihakên bôngsa durjana, sababipun toyaning sabin tamtu ajêg panggêng, sabên dalu tiyang ingkang ngingah tuwi ing sabin, kuwatos galênganing sabin risak utawi ulamipun kacolong tiyang. Satêmah durjana ingkang nêdya tumindak awon ing salêbêting dhusun lajêng cabar, rikuh saking tiyang-tiyang ingkang tansah gilir-gumantos saking pikajênganipun piyambak-piyambak, mêdal saking griya kesah nuwèni ulam ingah-ingahanipun ing sabin, kadhang-kadhang manawi wontên karisakaning bêndungan sawabawis,sawatawis. pulisi dhusun dèrèng ngantos prentah sampun sami dipun tandangi piyambak, prêlu nguwatosakên ingah-ingahanipun ulam sampun ngantos kasêlak kasatan toya.

R. Suparta, Ngluwar, Magêlang.

Cariyos Bab Sêsakit Kolerah ing Jaman Purwa, Pêthikan saking Sêrat Pustaka Rajapurwa.

Wontênipun sêsakit kolerah, inggih ingkang ugi dipun wastani pagêblug, punika kala jaman purwa inggih sampun asring wontên, mênggah sarananipun panulak tumrap lair batos botên beda kados ingkang tumindak ing jaman samangke, gancaring cariyos sagêd cundhuk kalihan kawontênan sapunika, kula pêthik kalihan cêkakan mêndhêt wosing prêlu kados ing ngandhap punika.

Ing nagari Ngamarta, Sang Prabu Puntadewa pinarêk lan kadang Pandhawa pêpak, ingkang rinêmbag, nagari Ngamarta dahat anandhang sungkawa ajalaran wontênipun sêsakit angrêbda sanagari, winastan pagêblug agêng. Wadyabala punapadene kawula sapraja Ngamarta agêng alit, kathah ingkang tiwas dening kataman sêsakit wêtêng ambêbucal wawratan sakalangkung santêr, bêbasan sakit enjing sontên pêjah, sakit sontên enjing péjah.

Ing ngriku nata Pandhawa utusan angaturi uninga ingkang eyang Bagawan Abiyasa ing Wukir Ratawu, tuwin ingkang raka Prabu Krêsna ing Dwarawati, ing bab duhkitanipun nata Pandhawa dening wontênipun pagêblug ing nagari Ngamarta sakukuban. Botên antawis dangu Sang Bagawan sakalihan nata Dwarawati sampun sami rawuh ing nagari Ngamarta.

--- 134 ---

Sang Prabu Puntadewa umatur dhatêng ingkang eyang bagawan, ing bab wontênipun kasmalaning praja saha nyuwun kaparingana sarana môngka panulak sarta sirêping rogarda ingkang anggêgirisi punika. Ing ngriku sang bagawan tuwin Sang Prabu Krêsna sakalangkung ngungun. Wasana sang bagawan aparing dhawuh pangandika dhatêng ingkang wayah nata Pandhawa: lêlara kikiiki / kiyi. asline saka bangsaning tênung sapanunggalane, dene têtulake: sabên dêlanggung prapatan kinèn manjêrana sapu gêrang, kêmbang guwakan, gana tuntut, sarta saênggon-ênggon kinon ngobarana walirang. Lan manèh, sagung pusaka kaubêng-ubêngna sajêro miwah sajabaning praja, kairid ing maesa bule lêlawungan.

[Grafik]

Panggenan jêmbêg

Prabu Krêsna aparing wêwah wêwarah, sawatawis sami cêgaha toya ngombe, cêgah sare, awit êmpaning tênung saking bangsaning toya. Sang Prabu Puntadewa angèstokakên, nuntên paring dhawuh dhatêng para kadang dumugi wadyabala agêng alit, kinèn nindakakên pasang sarana sarta cêcêgah sadaya ingkang kadhawuhakên sang bagawan tuwin Sang Prabu Krêsna.

Anuju wanci dalu, nata Pandhawa dalah rayi-rayi, sêsarêngan kalihan Prabu Krêsna, sami midêr-midêr salêbêting praja Ngamarta. Sabên wismaning wadya kathah tiyangipun rêrubukan lek-lekan, wontên ingkang sami kasukan, gêginêman, trêkadhang wontên ingkang sinambi madati utawi sêmbèn sanès-sanèsipun, prêlu minôngka ngèstokakên dhawuh kangge cêgah tilêm.

Sarêng dumugi kikising praja, wontên satunggaling dhusun nama Paludhan, cêlak ara-ara, Paludhan wau têgêsipun papan jêjêmbêgan, pasitèn balong jêmbêg.

Ing ngriku Prabu Krêsna tuwin nata Pandhawa sakadangipun, pirsa wujuding mrêtujiwa pating calorot. Samôngsa caloroting mrêtujiwa wau tumanduk ing padhusunan, têmtu padhusunan ngriku botên dangu lajêng wontên suwara pêpêtikan, têtangisan pating jalêrit dados pêjah. Sanès-sanèsing padhusunan ingkang kalêbêtan caloroting colok inggih ugi makatên, andadosakên pangunguning panggalihipun Prabu Krêsna tuwin nata Pandhawa sakadang. Dumugi salèr dhusun Paludhan, ing ngriku pirsa janma rubung-rubung langkung kathah, lampahipun Prabu Krêsna dalah sakadang Pandhawa sami kèndêl sarwi andangu wigatining rubung-rubungan wontên punapa. Katranganipun ingkang dados rubungan punika sawênèhing tiyang parewangan, awasta Dumina, dipun gêga saujaripun dening tiyang sadhusun ngriku, mila tansah dados rubungan, parewangan punika asring-asring adamêl waluyaning tiyang sakit ing wêkdal usum pagêblug punika. Wondene sarananipun anggèning ngusadani, rumiyinipun angobar dupa kinukusakên ing tutuk, [tu...]

--- 135 ---

[...tuk,] lajêng cêthakipun rinogoh, tabêtipun dipun usapakên wêtêng utawi pênêring perangan badanipun tiyang ingkang dipun usadani, sanalika saras.

Ing wasana Prabu Krêsna andangu dhatêng parewangan Dumina, mênggah jalaranipun praja ngriku kataman sêsakit pagêblug punika saking punapa. Aturipun parewangan Dumina botên basa, namung ngoko kemawon: dhuh wong agung kawruhana, yèn tuwuhing mrêtujiwa iki, ajalaran saka kadibyaning ratu sabrang aran Prabu Maerana ing praja Maerarja, sawadyabalane nglurug marang tanah Jawa kandhêg pasisir lor, ing kono banjur nyêbar tênung winoran wisa, singa-singa wong katrajang akèh tiwase tinimbang warase, awit wisa mau malêbu wadhuk ngêlut gêtih, anarik amèr yiyit-yiyiting wêtêng padha luntur, wêkasan anggêrus, ora suwe wonge banjur mati. Wisa kang mêtu tumanduk ing grana bisa tular-tumular, dadi aran lara pagêblug, têgêse pagêblug, ugêr gêblag mati. Dumugi samantên aturipun Dumina kèndêl.

Prabu Krêsna sakadang Pandhawa dahat ing pangungunipun sarwi nawung sungkawa ing galih. Wêkasan andangu: he Dumina, apa kang dadi sarana panulak sarta panyirêpe pagêblug iki. Unjukipun Dumina: sarana panyirêp lêlara iki, akèh pirang-pirang bab, nanging gampang dilakoni sadhengah wong, wijang-wijange mangkene.

Sadhengah panggonan kang kaambah ing wong, kudu rêsik, aja jêmbêg sarta rêgêd, lan banyu kudu mili ajêg, aja mangan wowohan bangsaning kêcut, angombe banyu mêntah, aja mangan lombok, aja nandho rêrêgêd uwuh, aja uwasan atèn, kudu bêtah mêlèk, jamua sing angêt-angêt marang wêtêng, paedahe dhewe-dhewe, angin mintir, hawa wisa kentar ing maruta, ora ngandhêg anggônda ala, wowohan kêcut marai narik hawa adhêm, wêkasan mirutake otot, angandhêg-andhêgi lakuning gêtih, utawa panas mundhak banjur ngumpul marang wadhuk, agawe amèring yiyit, laruding yiyit dadi mayit. Banyu mêntah iku isih kaworan wisa, yèn ginodhog wisane ilang, sirna dening panas, lombok ajure anèng wêtêng muruh, nandho adhêm, padha bae karo dayaning kêkêcut. Uwuh iku ngandhêg hawaning bêbosokan, kaya ta: lombok, dami, kulit-kuliting wowohan lan liya-liyane rêrêgêd, godhong-godhong bosok sapanunggalane, kabèh dadi gônda ala, hawane ngukus kumêlun dadi mrêtujiwa, mandi bangêt lêbune marang manusa. Dene watêk ora uwasan ati, iku otote ajêg kêngkêng ora mirut, gêtih ora adhêm, amarga lakune pramana ajêg, gônda ala ora rumasuk, wisa ora bisa tumanduk, katut dening maruta. Bêtah mêlèk nyêthithikake turu, hawa ing jaba ora akèh malêbune, tênung jalênggi ora bisa momori malêbu ing manusa.

Wêwarah kasêbut nginggil ingkang nyêbutakên: panggenan tiyang kêdah ingkang rêsik, sampun ngombe toya mêntah, nêdha kêkêcut sapanunggilanipun, pamanggih kula prayogi saupami kangge pêpiridan prêlu panjagi kasarasan umum, dening ngèmpêri wêwarahipun para dhoktêr.

P. K. 585.

--- 136 ---

Rujak Wuni

Kawontênan ingkang têntrêm.

Mênggah pamasesanipun jaman mêlas-asih ingkang tumanduk dhatêng tiyang kathah, punika sagêd dipun gambarakên manawi tiyang sampun anyipati utawi anêksèni piyambak dhatêng kawontênan-kawontênan ing pundi panggenan. Ing ngriku tiyang lajêng sagêd pitados bilih ragading gêsangipun tiyang Jawi miturut cariyos ingkang rumiyin, sagêd kêcêkap namung dening arta sabenggol, malah samangke wontên susulan cariyos, bilih arta kalih sèn punika sampun anyêkapi. Kados pundi pangetangipun arta kalih sèn dipun anggêp sampun sagêd anyêkapi panggêsangan kangge sadintênipun tumrap tiyang satunggal, punika kula sumanggakakên dhatêng para ahli petang, ing ngriki kula namung badhe ngaturakên panggêsanganing tiyang ing sawatawis panggenan ingkang kula sipati piyambak, punika miturut kênyataan, malah petangipun sagêd gêsang kirang saking kalih sèn, awit ingkang kula sumêrêpi wau, gêsanging tiyang sabatih namung awujud cêcampuraning warni-warni barang, kadosta: uwos 1 cangkir, kintên-kintên pangaos ½ bribil, krèkèl (ampas kêtela ingkang sampun botên kangge) 1 kêndhil, anggènipun grèsèk-grèsèk botên tumbas, bonggol pisang 1 kwali, mêndhêt saking kêbonipun piyambak, lajêng dipun soki toya sumur 1 blèk, minôngka sarêmipun damêlan piyambak saking atêp, ingkang kangge ngolah sadaya wau, kajêngipun sagêd ripik-ripik saking pagêr, dados botên waragad malih.

Ing ngriku cêtha bilih ingkang dipun têdha wau waragadipun botên ngantos nêlasakên kalih sèn, tur kabaripun, tiyang sabatih inggih sampun sagêd tuwuk saèstu. Nanging têtêdhan ingkang makatên wau punapa inggih sagêd andamêl kêkiyataning badan ingkang mumpangati gêsangipun. Kintên kula inggih botên, kajawi ta manawi lajêng wontên rêmbag: luwèh-luwèh kono.

Salêbêtipun kula tumut kêkesahan kalihan Petruk dhatêng paresidhènan Kêdhu, Bagêlèn tuwin Cilacap, kula rumaos kêpranan ing rêgèn sêkap Magêlang.

Mênggah sajatosipun botên beda kaliyan sanès-sanès panggenan, ing Magêlang ugi katrajang ing jaman mêlas-asih wau, têgêsipun: ing Magêlang tiyangipun ugi sami rêkaos tuwin nandhang kamlaratan, ewasamantên katingalipun têtiyangipun ing ngriku wau sami ayêm-ayêm sarta têntrêm. Kados pundi têka ing Magêlang beda kawontênanipun tinimbang kalihan sanès-sanès panggenan, jalaran têtiyang ing ngriku punika racak-racakipun sami kêncêng anggèning nglampahi agaminipun, ingkang run-tumurun dipun tindakakên dening para lêluhuripun.

Kados botên anggumunakên, bilih têtiyang ingkang sami ngestokakên dhatêng agaminipun, nadyan gêsangipun manggèn wontên ing jaman mêlas-asih, mêksa katingal ayêm. Awit têtiyang ingkang makatên wau, limrahipun sami: narimah ing pandum, botên ngôngsa-ôngsa, ingkang tumusipun lajêng mahanani gêsang nriman wau.

Saking kawicaksananipun ingkang bupati ing Magêlang, ingkang makatên wau inggih lajêng dipun uningani saha lajêng dipun santosani pisan, inggih punika kalampahan sabawah Magêlang ngriku kathah mêsjid-mêsjid ingkang dipun saèkakên saha dipun agêngakên, ingkang waragadipun botên sakêdhik. Dene ingkang kangge waragad-waragad anyaèkakên utawi ngagêngakên mêsjid-mêsjid wau, ingkang sabagiyan agêng mêndhêt saking kas dhusun.

Sawênèh têmtu wontên ingkang nganèhakên, dene arta kas dhusun dipun pigunakakên kangge andandosi mêsjid, ing môngka mêsthinipun tambal-sulam utawi andandosi mêsjid-mêsjid punika waragadipun mêndhêt saking arta kas mêsjid. Dene arta kas dhusun punika ngêmungakên dipun pigunakakên kangge kaprêluwan umum ing dhusun ngriku, kadosta: kangge andandosi krêtêg, margi-margi, yêyasan sanès-sanèsipun, utawi kangge tumbas pêmacêg minôngka kangge kawontênaning rajakaya ing ngriku. Dados arta kas dhusun wau kangge andandosi kaprêluwanipun dhusun. Nanging mênggahing ingkang bupati ing Magêlang, arta kas dhusun wau ugi prêlu kangge andandosi bêbudèning têtiyang ing dhusun. Dados mênggah ing kula anayogyani sangêt dhatêng kaparêngipun ingkang bupati ingkang makatên punika, jalaran manawi bêbudènipun tiyang dhusun sampun sagêd dipun dandosi, sanès-sanèsipun têmtu inggih lajêng katut sae kemawon.

Panindaking tambal sulam utawi pandamêling masjid-masjid wau sanajan sampun wontên ingkang dipun pasrahi anggarap, ewasamantên panjênênganipun ingkang bupati mêksa taksih kêrêp anjênêngi angamat-amati piyambak. Ingkang makatên wau anelakakên bilih sadhengah ingkang dipun adani dening pagèn sêkapRêgènsêkap. Magêlang ngriku, panjênênganipun ingkang bupati, tansah anguningani saha anitipriksa piyambak, amila sathêk-kaliwêring wawêngkon Magêlang, ingkang bupati têmtu anguningani saha tansah amigatosakên. Mênggah panindak kadosdene ingkang dipun salirani piyambak dening ingkang Bupati Magêlang wau, kula cocog saha anayogyani sangêt, inggih trajang ingkang makatên wau, ingkang nama nglênggahi wajib saha pantês pinuji.

Amila kados punapa kemawon kagèting manah kula, sarêng kula mirêng pawartos, bilih panjênênganipun ingkang bupati ing Magêlang kapilih dados warganing rad kawula. Awit salêbêtipun dipun wontênakên rêpat rad kawula, para kawula ing Magêlang, ingkang sakêdhap-sakêdhap sami sumêrêp dhatêng pêpundhènipun, samangke kapêksa ngantos badhe wêwulanan botên pinanggih utawi botên sumêrêp, gèk kados punapa kemawon ngôngkanging manahipun para kawula wau.

Kajawi punika, lajêng anuwuhakên pitakenan: punapa ingkang Bupati Magêlang wau jumênêng dados warganing rad kawula badhe sagêd migunani tumrap rakyat ingkang sagêd satimbang kadosdene pamêngkunipun rêgèn sêkap Magêlang sawêngkonipun sadaya. Awit padamêlan kalih punika beda sangêt. Bab prakawis anggènipun cikat cakut tuwin cakêping kawajiban, mila sampun kanyataan pantês pinuji, nanging punapa anggèning jumênêng dados warganing rad kawula wau angsal-angsalanipun badhe sagêd mêwahi aruming asmanipun, punika walahu'alam. Eman sangêt saupami ngantos kalampahana akosok-wangsul. Ewasamantên sintên sumêrêp dhatêng buntêlaning tiyang.

Mugi-mugi jênêngipun dados warganing rad kawula wau, sampun ngantos malèsèd kados dene pangajêng-ajêngipun para ingkang sami milih dhatêng panjênênganipun, saha pun, Pênthul.

--- [137] ---

[Iklan]

--- 138 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Bab Gadhah Damêl Cara Modhèrên.

I

Garèng: Wah Truk, anggonmu lêlungan têka le nglepus mêngkono. Kêpriye olèhmu andêlêng konggrès radhiyo ana ing Surakarta ...

Petruk: Mêngko sik, Kang Garèng, ana wong lêlungan diarani: nglepus, kuwi kêpriye, nèk anglepus kuwi rak tumrape wong turu sing ora nglilir-nglilir kae, iya turu ngumbakarna, iya iku dudu turune cara satriya, nanging cara bangsane buta-buta, sabab kuwarêgên ... bir upamane.

Garèng: hus, wong kurang ajar. Ana kok banjur nyandhak sing ora-ora. Apa salah caturanaku: wong turu nglepus kuwi rak yèn anggone turu mau ora eling. Anggonmu lêlungan kuwi apa iya eling, têgêse: eling nyang jajimujanjimu. ing ngarêp, yaiku: arêp ngirim pêrslah, arêp anglayangi lan sapiturute, jêbul-jêbul kosok-baline malah banjur sidhêm prêmanêm tan ana banèke walang ngalisik, aliyas amêm bae, hara, caramu lêlungan sing kaya ngono kuwi apa ora kêna diarani: lêlungan anglepus. Wis, ora susah andhebat-dhebat cara alpokat pring ori, saiki caritakna bae, anggonmu nglakoni ayahaning majikanmu kadhawuhan mèlu anjênêngi konggrès radhiyo ing Surakarta.

Petruk: ing sarèhne lakuku mau miturut ayahane daokeku, têgêse: anggone ngirimake aku sarana: On gê prangkir bêstèlgud, dadi aku ora susah cucul sarini-riniya, niyatku mono iya kêncêng arêp nunggoni kahanane radhiyo konggrès. Nanging ing sarèhne wiwite konggrès kuwi tanggal 19 malêm 20 Januwari, ing môngka aku dikaparêngake pangkat tanggal 18, mulane aku banjur nylênthêr mampir ana ing Magêlang dhisik, prêlu tilik sadulur-sadulur. Kocapa barêng aku têkan ing Magêlang, salah siji sadulurku jêbul lagi soroh amuk, nganti nuwuhake rajapati pirang-pirang. Embuh pira sing ilang nyawane kala samono, jarene: wêdhuse têlu, pitike rongpuluh lima ...

Garèng: e, saya ora karuwan rêmbugane, ambok kôndha bae yèn ana salah sijining sadulur ing Magêlang sing duwe gawe. Iya, nanging iki rak iya ora gêgayutan apa-apa karo anggonmu arêp anglakoni ayahaning

--- 139 ---

lurahmu kudu mèlu anjênêngi konggrès ana ing Surakarta ...

Petruk: mêngko sik Kang Garèng, tak banjurne dhisik caritaku. Kocapa barêng aku krungu yèn tibane rame-rame - ngrêtiya, Kang Garèng, sadulurku mau duwe gawe mantu - ana ing malêm Minggu, luwih-luwih barêng aku sumurup anggone padha pating glimpang: opor pitik, gule wêdhus lan sapanunggalane, aku kok banjur kogêl nyang ... wêtêngku. Mulane banjur tak niyati pangkatku nyang Surakarta esuke, iya iku dina Minggu tanggal 20 Januwari. Nanging barêng esuke jêbul banjur katamuwan ... lesut wêtêngku, hla, banjur andhrudhut têrus-têrusan. Mulane banjur tak putus wani: nyang konggrès radhiyo ... taun ngarêp bae nèk isih diparingi slamêt.

[Grafik]

Garèng: Truk, tindakmu sing kaya mangkono kuwi arane: duraka wikrama, sanajan durung diningrat nanging mêksa wis duraka, ukumane nèk cara agamane, jare: disogok wêsi abang, awit iku arane ora nêtêpi sarak.

Petruk: nèk diarani duraka kuwi salah, Kang Garèng, nèk tindakku iki kok arani: mêkruh, iki iya rada mèmpêr, sabab mula iya nyata, saulihku saka lêlungan barêng aku matur yèn ora mênyang Surakarta, aku banjur rada dipleroki: glothak, nanging duka: ora. Awit aku iki wis dudu bocah cilik manèh, anggonku ora nyang Surakarta, mêsthi wis digalih, yèn ora kêna ora têmtu ana sabab-sabab kang luwih pênting. Mula iya sok ana wong dadi majikan sing sok banjur sawiyah-wiyah, wong tilpun nyang sor-sorane, ora enggal-enggal diwangsuli, iya wis mêcucu-mêcucu. Mulane rak iya sok ana priyayi sing lagi prêlu, ditilpun daokene, anggone prêlu mau andadak dipêdhot wani, kanthi ora ngèlingi, yèn ing wusanane bisa uga mêngkêlang ana wêtêng, lo, kuwi ora liya sababe iya saka anduwèni majikan sing sawiyah-wiyah mau, kang ora krêsa ngèngêti, yèn sosorane sok uga anduwèni kaprêluwan sing luwih pênting manèh.

Garèng: wèh, kok banjur carita nglangut mêngkono. Dadi mungguhing rumasamu, anggonmu ora mênyang Surakarta kuwi ana ing Magêlang kowe nêmoni lêlakon sing kok anggêp luwih prêlu katimbang konggrès radhiyo ing Surakarta.

Petruk: luwih prêlu têmtune iya ora, mung bae pikiranaku ing kala samana, ing konggrès radhiyo ing Surakarta têmtune akèh

--- 140 ---

para jurnalis sing bakal anjênêngi, dadi dêdongengane ora wurung aku mêsthi bakal ngrungu. Balik apa sing arêp tak alami ana ing Magêlang kuwi, kajaba ora bakal ana jurnalis sing pênthêlusan ana ing kono, kaya-kayane rada nganèh-anèhi, mara, pikirên bae, lha uwong mantu têka nganggo programah barang, kayata: jam 9 sêrimpèn saka pakumpulan Sabakarti ing Sêmarang, jam 10 pêrang tandhing Suryatmaja lan Prêmadi, jam 11 pêrang Bugis, lan sapiturute. Wah, emane dene programane mau ora dikumplitake pisan mangkene upamane: jam 7 jangan bêning, jam 8 pêcêl, jam 9 sêga gudhêg, jam 10 wedang rondhe ...

Garèng: nèk lis kanggo isining wêtêng kuwi jênênge rak dudu programah, nanging mêni (mênu). Aja kok kira, Truk nèk bab ngono-ngono kuwi, aku ora ngrêti saumit-umita, wèh, mêsthi kampiyun seh. Apa ngilang-ilangake anggonku dhèk biyèn dadi, cara Prancise: maître d' hotel, nèk cara Jawane iya: panggêdhe hotèl, mung bae hotèle kalasa mono sikile mung wolu.

Petruk: wiyah, ambok ngomong bae dadi tukang dodol bungkiyuk aliyas ogyo. Kae sikile rak iya wolu, ta.

Kang Garèng, sabênêre anggonku banjur kêpengin nunggoni wong duwe gawe ing malêm Mingggu, awit ing Magêlang kuwi sing uwis-uwis wong duwe gawe sok her-heran.jor-joran. Tontonane mêsthi tayuban utawa wayangan. Kajaba iku ing kono mêsthi rame wong sing padha ngapalake sipat satus rongpuluh lan uga akèh sing padha ngèstokake mênyang etungan yèn 22 iku jare nyêplik siji.

Garèng: o, wong sambêr gêlap kaping salusin punjul sigar, arêp ngandhakake akèhe wong main bae, kathik diubêng-ubêng mêngkono. Lo, Truk, nèk jaman kêjawan ing jaman biyèn, kuwi rak wis lumrah, ta, padha main, wong iya kanggo sênêng-sênêng nglipur ati. Kramane bae wis cêtha: kêsukan utawa amêng-amêng, dadi ing kono rak iya wis têtela apa karêpe main kuwi.

Petruk: aku iya ngandêl Kang Garèng, nanging mungguhing Magêlang jaman duk sêmana, main kuwi ora minôngka kanggo sênêng-sênêng, nanging kanggo ngimbuhi blanjan Kang Garèng, mulane sing uwis-uwis, wong duwe gawe kuwi iya sok nganggo dibawani warna-warna, upamane bae dibawani ... bukak mainan mung rong sasi.

Garèng: sê ... top, ana kok banjur warna-warna mêkotho sing diomongake. Wis kanggone saiki rêmbugane dilèrèni samene bae dhisik.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 2878 ing Grogolan. Tumrap 1e kw '35.

Lêngganan nomêr 2424 ing Kluthuk. Cariyos Prabu Tristan, dèrèng kadamêl buku.

Lêngganan nomêr 983 ing Krucil. Tumrap 1e las 2e kw '35.

Lêngganan nomêr 5519 ing Blora. Kangge Feb. t/m Juli '35.

Lêngganan nomêr 1625 ing Padhang. f 3.- sampun katampi.

Lêngganan nomêr 3464 ing Balikpapan. f 3.- sampun katampi.

--- 141 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKI.

Tamu Pangeran Jêpan. Benjing wulan April ngajêng wontên kapal pêrang Jêpan 2 badhe dhatêng tanah ngriki. Miturut pawartos ing sêrat-sêrat kabar Jêpan, ing kapal ngriku wontên pangeran Jêpan tiga badhe tumut.

[Grafik]

Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana têdhak dhatêng Archipel Bierbrouwerij ing Angke, Bêtawi. Kala ing dintên Kêmis tanggal 31 Januari kêpêngkêr, Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana sakalihan Gusti Kangjêng Ratu Mas, tuwin putri dalêm Gusti Kangjêng Ratu Pambayun, têdhak dhatêng Archipel Bierbrouwerij ing Angke, Bêtawi. Ingkang andhèrèk Bandara Kangjêng Pangeran Ario Adiwijoyo, Kangjêng Pangeran Aario Mataram, sakalihan Gusti Kangjêng Ratu Alit, Kangjêng Pangeran Panji Cokrokusuma sakalihan, Kangjêng Radèn Mas Tumênggung Widaningrat, tuwin sanès-sanèsipun malih.

Rawuh dalêm ing pabrik bier jam 11 langkung, lajêng kadhèrèkakên mariksani kawontênan ing salêbêtipun pabrik. Sarampunging mariksani lajêng lênggah sawatawis, kasugata dhêdhaharan tuwin unjuk-unjukan.

Jam 12 langkung, jêngkar.

Inginggil punika gambar dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana tumêdhak saking sêpur wontên ing sêtasiun Mr. Cornelis badhe nitih auto dhatêng Bogor.

Sarêm pêtêng. Sampun sawatawis dintên mantri veldpolitie ing Mojokêrto nyêpêng vrachtauto 2 momot sarêm pêtêng, nuju kèndêl wontên sangajênging gudhang pabrik pantun gadhahanipun bangsa Tionghoa nama T.T.O. Sarêng katiti, sarêm wau asli saking laladan Bangil, dene dumuginipun ngriku saking pakèning ingkang gadhah pabrik pantun wau.

Pamulangan Siswarini ing Walikukun. Ing Walikukun sampun kalampahan madêg pamulangan èstri, nama Siswarini. Pamulangan wau nêdya nênuntun lare-lare èstri, supados ing têmbe dados ibu ingkang utami, utawi nêdya nyambut damêl sêsarêngan kalihan pamulangan-pamulangan sanèsipun.

Angsal-angsalaipun Centraal Comite golongan angguran ing Bêtawi. Miturut katrangan saking Centraal voor Steun aan Werkloozen ing Bêtawi, wiwit tanggal 1 Januari dumugi 31 December 1934 wontên f 654.307.37. Wiwit tanggal 1 dumugi 15 Januari taun punika wontên f 33.141.26.

Indhaking lêngganan nirom. Sarêng Nirom anjêmbarakên têbaning laladanipun, cacahing tiyang ingkang sami macak prajanjian mindhak 2800. Indhakipun samantên wau sagêd ugi jalaran saking wontênipun wara-wara dhatêng têtiyang ingkang sami anggadhahi radio dèrèng angsal palilah. Dumuginipun sapunika têtiyang ingkang sami nandhahi prajanjian kalihan Nirom wontên 14.196. Tumrap radio sajawining Jawi tuwin Madura ingkang dèrèng dados laladanipun Nirom wontên 3202. Cacah samantên wau sagêd ugi mindhak dados 7000.

Ingsêran bupati. R.A.A. Dhipokusumo ing Batang, katêtêpakên jumênêng bupati ing Pathi. Dene Kabupatèn Batang karangkêp dening ingkang Bupati Pêkalongan, R.A.A. Suryo.

Ngajal ngumur 160 taun. Rumiyin nate kawartosakên, ing dhusun Wonosari, Gunungkidul, wontên tiyang nama Mas Joyosêntono, sampun ngumur 160 taun. Mas Joyosêntono wau kala 20 Januari kêpêngkêr ngajal. Miturut pèngêtan, kala jaman pêrang Diponagaran, taun 1825-1830 Mas Joyosêntono kirang langkung sampun umur 50 taun. Kala badhe ngajalipun taksih sagêd gadhah wêlingan punapa-punapa dhatêng ingkang kantun.

Anggambar tanah Nieuw Guinea saking gêgana. Ingajêng wontên pawartos, ing bab badhe panggambaripun tanah Nieuw Guinea saking gêgana kêdah katindakakên sintên. Inggih punika anggambar pasitèn ingkang wontên lisahipun pèt. Ing sapunika sampun wontên dhawuh saking Departement Paprangan, bab anggambar wau kapasrahakên dhatêng Knilm.

Rêgining copra ing Cilacap mindhak. Ing sapunika rêgining copra ing Cilacap mindhak. Rumiyin ingkang sapikulipun namung rêgi f 2.95, lajêng mindhak dados f 4.95.

Directie Persbureau Aneta. Miturut pawartos, ing sasampunipun kawontênakên parêpataning para aandeelhouder Aneta, nêtêpakên ingkang kaangkat dados directeur, inggih punika Tuwan H.P. Salomons; ingkang dados onderdirecteur Tuwan J.J. Dokkum. tuwan kêkalih wau pancèn sampun dangu anggèning nindakakên wontên ing babagan wau.

--- 142 ---

Pamulangan luhur doktêr. Lulus artsexamen bagean kapisan R. Muchamadsyah Sastrowinangun. Têtêp dados arts Tuwan Tio Tik Iem. Sam ing pamulangan luhur doktêr Bêtawi.

Gêdhis ingkang kasade. Miturut pawartos, Nivas sampun nyade gêndhis 34.700 ton dhatêng jajahan Inggris pêsisir kilèn, rêgi f 3.15 sapikul, tumrap dhatêng pasisir wetan f 3.20, dene tumrap dhatêng Tiongkok f 3.35. Kajawi punika nyade malih 10.000 ton, saha rêrêgènipun mindhak malih sabên sapikulipun 5 sèn. Dados tumrap jajahan Inggris pasisir kilèn f 3.20, pasisir wetan f 3.25 tuwin Tiongkok f 3.40.

Babagan koyok ing laladan Madiun badhe kapriksa. Residèn Madiun Dr. L. Adam mêntas parêpatan kalihan pangarsa Landraad Mr. W.A.A. Boekhoudt tuwin Mr. H. Raven, jaksa-jaksa ing Madiun, Magêtan, punapadene asistèn residèn tuwin bupati ing Magêtan. Ngrêmbag supados kawontênaning prakawis koyok ingkang sakalangkung kathah tumuntên kapriksa. Tumrap Madiun wontên 42 prakawis. Tumrap Magêtan kalih atusan prakawis. Tumindaking papriksan saya dangu saya têrang.

Pokrol bambu katahan. Awit saking dhawuhing Officer van Justitie ing Bandung, nyêpêng bangsa Walandi nama P.W.H. kadakwa nyalingkuhakên arta gadhahanipun têtiyang ingkang sami ngêmbangakên prakawis ngantos f 600.-. Tuwan wau dèrèng wontên sataun mêntas kaukum 3 taun ugi babagan kados makatên.

Mrêgoki arta kêrtas palsu. Wontên bangsa Tionghoa saking Kesesi, Pêkalongan, nama Poa Tjoan Jauw, kilak lisah dhatêng toko Go Ngo Liem ing Comal, arta ingkang kangge tumbas warni kêrtas nyadasa tuwin anggangsal rupiyah. Sarêng arta wau kakintunakên dhatêng kantor post, kasumêrêpan arta ingkang nyadasa rupiyah sami palsu. Wusana lajêng dados papriksan pulisi.

Cursus napêl kapal. Comite golongan angguran ing Ngayogya damêl ada-ada ngawontênakên pangajaran napêl kapal, dipun pangajêngi dening Tuwan Sutarjo, doktêr kewan, dipun biyantu dening tiyang damêl tapêl dalah masangipun bangsa Jawi tuwin Walandi. Muridipun wontên 14, sami golongan angguran ingkang angsal pitulungan. Laminipun sinau 6 wulan. Tumindaking sinau kêncêng, sintên ingkang kêsèd, dipun suwak anggèning angsal arta pitulungan.

Pêjah nêdha ulam buntêk. Ing dhusun Karang Kandri, Cilacap, wontên tiyang 37 sami sakit, jalaran nêdha ulam buntêk. Têtiyang wau wontên 2 ingkang kêlajêng pêjah, sanèsipun lajêng dipun upakara doktêr.

Ngubêngi jagad. Kawartosakên, pangarsaning Ali Thihad tuwan Syeh Salim Awab Sunkar, kaptin bangsa Arab ing Surakarta, badhe dhatêng Mêkah. Sasampunipun saking Mêkah lajêng badhe ngubêngi jagad.

Ewah-ewahan pangagêng. Miturut kêkancinganipun Gupêrnur Surakarta, tumrap laladan Surakarta kaperang: 1. Kabupatèn Wonogiri, afdeeling Surakarta, dipun pangagêngi controleur Surakarta. 2. Kabupatèn Sragen, afdeeling Sragen, dipun pangagêngi contrileur Sragen. 3. Kabupatèn Boyolali, afdeeling Klatèn, dipun pangagêngi controleur Boyolali.

Patih Tasikmalaya. Kawartosakên, Radèn Kanduruan Sastranagara, wêdana Ujungbrung, katêtêpakên dados patih ing Tasikmalaya.

Drs. Moh Hatta tuwin sanès-sanèsipun dhatêng Digul. Kala dintên Slasa tanggal 29 Januari kêpêngkêr, Drs. Moh. Hatta, St. Syahrir, Bondan tuwin sanès-sanèsipun, sampun kabidhalakên saking palabuhan Tanjung Priok dhatêng Digul, numpak kapal "Molchior Treub. Drs. Moh. Hatta manggèn ing klas 2, dipun jagi ing pulisi. Wontênipun ing Tanjung Priok dipun jagi kêncêng, tiyang botên kenging anggambar piyambakipun, punapadene ngajak ginêman. Ingkang sami kabidhalakên wau katingal ayêm kemawon.

ASIA.

Sêsakit Malaria ing Selong. Miturut pawartos, cacahipun tiyang ing Selong ingkang tiwas sakit malaria wontên 8000. Ing distrik Kegalee sabên dintên wontên lare-lare ingkang tiwas 100. Ingkang sami ngajal wau ingkang kathah lare.

EROPA.

[Grafik]

Propinsi laladan Itali. Inginggil punika gambaripun Sang Mussolini nuju anjênêngi kawontênanipun upacara propinsi ingkang sangangdasa tiga, wontên ing alun-alun Littoria.

AMERIKA.

Bêbaya ing Amerika. Ing Amerika wontên prahara mawa hawa asrêp, dhatêngipun saking Columbia jajahan Inggris têrus dumugi Mecico, adamêl tiwasing tiyang 170. Punika taksih kawêwahan kasangsaran ambaludagipun lèpèn Missisipi. Têtiyang ingkang kecalan balegriya wontên 20.000. Kapitunanipun 5 yuta dollar.

--- 143 ---

Wêwaosan

Tarsan Wanara Seta.

Pêpiridan saking buku karanganipun Tuwan Edgar Rice Burroughs.

72

28. Pungkasaning cariyos.

Kacariyos, Tuwan Propesor Portêr tuwin kônca-kancanipun, tansah sami lêgog-lêgog angraosakên icaling Nonah Jinê, ing batos sami nêmtokakên, bilih nonah wau botên kenging botên têmtu tiwas dening latu, ingkang tansah mulad-mulad ambêsmi tanah-tanah ing têwistêpis. wiring ngriku. Sapintên agênging susahipun têtiyang wau ing kala punika, ing ngriki botên sagêd anggambarakên. Amila sarêng lajêng wontên motor dhatêng, saha sami sumêrêp, bilih salah satunggiling tiyang ingkang numpak motor punika Nonah Jinê, bingahipun têtiyang wau inggih tanpa upami. Sarta sarêng motor wau kèndêl wontên ing sacêlakipun motor gadhahanipun Tuwan Kleton, kanthi gupuh-gupuh tuwan propesor lajêng murugi anakipun èstri saha lajêng angrangkul sarwi nangis sêsênggrukan.

Saking bingah-bingahipun dene sampun sagêd manggihakên Nonah Jinê malih kanthi wilujêng, ing kala samantên têtiyang wau botên wontên ingkang migatosakên dhatêng Tarsan, ingkang ing wêkdal punika têrus linggih botên mêdhak saking motoripun.

Dene ingkang nyumêrêpi Tarsan rumiyin, punika Tuwan Kleton, ingkang lajêng enggal-enggal murugi, nyandhak tanganipun saha wicantên kados ing ngandhap punika:

Kadospundi anggèn kula sadaya badhe malês dhatêng pitulungan panjênêngan, awit sajatosipun panjênêngan punika sampun angluwari kula sadaya saking bêbaya pêjah, nalika kula tilêm wontên ing dhipan, panjênêngan anggugah kula sarana nyêbut nama kula, nanging salêrêsipun kula botên èngêt sintên panjênêngan punika, sanajan kados-kados kula sampun nate sumêrêp dhatêng panjênêngan. Ing pangraos kala rumiyin kula kados sampun nate pêpanggihan kalihan panjênêngan, nanging kawontênanipun ing wêkdal punika kados beda sangêt kalihan kawontênanipun ing samangke.

Tarsan mèsêm saha lajêng mangsuli mawi basa Prancis makatên:

Mila inggih kasinggihan pangandika panjênêngan punika Tuwan Kleton. Mugi sampun andadosakên panggalih panjênêngan, dene anggèn kula matur dhatêng panjênêngan punika botên sarana basa Inggris. Ing samangke salêrêsipun kula sawêg ngudi dhatêng basa wau, lan sanajan kula ngrêtos sangêt dhatêng basa Inggris, nanging saupami kapurih wicantên, mêksa taksih grathul-grathul sangêt.

Tuwan Kleton ingkang lajêng wicantên mawi basa Inggris, lajêng apitakèn kanthi adrêng makatên: Mugi kula aturi ngandika sintên panjênêngan punika.

Tarsan amangsuli: Kula punika Tarsan bôngsa wanara.

Mirêng pawicantênanipun Tarsan ingkang makatên wau, kagèt saha gumunipun Tuwan Kleton tanpa upami, salajêngipun nuntên ngawasakên dhatêng Tarsan kanthi yêktosan, ing wusana lajêng kalair têmbungipun makatên: E, la dalah, mula iya nyata.

Ing samangke tuwan propesor tuwin Tuwan Pilandhêr ugi lajêng sami nyakêti Tarsan prêlu anglairakên gênging panarmahipun ingatasing sadaya pitulunganipun Tarsan, lan ing ngriku kalih-kalihipun sami anglairakên bingahing manahipun, dene sagêd pinanggih kalihan mitranipun wanara, ingkang sampun nilar papan padununganipun ingkang anggêgirisi ngantos samantên têbihipun.

Salajêngipun sadaya wau lajêng sami lumêbêt ing salah satunggiling lusmèn alit ing sacêlakipun ngriku, têtiyang wau lajêng sami mapan linggih wontên ing kamar alit ingkang kasadhiyakakên dening ingkang gadhah lusmèn minôngka kangge papan pangasoning tamu. Nanging sawêg kemawon têtamu wau sami mapan lênggah dumadakan lajêng kapirêngan suwaraning motor andhatêngi, lan botên watawis dangu motor wau ugi lajêng kèndêl wontên ing ngajêng lusmèn ngriku.

Tuwan Pilandhêr ingkang lênggah wontên ing sacêlaking jandhela, nglongok dhatêng ing jawi, nalika motor ingkang mêntas dhatêng punika lajêng kèndêl wontên ing sangajênging lusmèn, kanthi botên sagêd ngêngkên mênggahing kabatosanipun, Tuwan Pilandhêr ujug-ujug kêlair têmbungipun makatên: Lo, jêbul Tuwan Kènlêr kae, môngka aku duwe pangarêp-arêp - aku anduwèni pangira - hêm, pancène rak kudu bungah kenene, dene dhèwèke ora mati kobong.

Tuwan propesor awicantên: Lo, lo, Tuwan Pilandhêr. Murid-murid kula sabên-sabên kula èngêtakên, manawi badhe wicantên, kêdah mêmetangi rumiyin ngantos sadasa. Yèn kula dados sampeyan, manawi badhe ngomong, langkung sae kêdah mêmetangi rumiyin ngantos dumugi sèwu. Langkung utami malih manawi lajêng botên wicantên babarpisan.

Tuwan Pilandhêr manthuk-manthuk saha lajêng wicantên: Kados lêrês pangandika panjênêngan, tuwan propesor. Nanging sintên tiyang ingkang dipun kanthi dening Tuwan Kènlêr punika, têka panganggenipun saèmpêr kalihan bangsanipun pastur.

--- 144 ---

Ing kala punika Nonah Portêr andadak katingal pucêt, awat sikalaawit rikala. punika piyambakipun lajêng mangrêtos punapa ingkang dados pikajêngipun Tuwan Kènlêr. Dene Tuwan Kleton ing sêmu katingal botên jênjêm manahipun, buktinipun anggèning linggih wontên ing kursi lajêng tansah ebah-ebah kemawon.

Tuwan propesor nyopot kaca mripatipun, saha lajêng kêmpas-kêmpis ambêkan wontên ing kaca mripatipun. Botên dangu kaca mripat dipun angge malih, tanpa dipun srêbèti rumiyin.

Dene Esmêraldhah, ingkang dhatêng pundi kemawon tansah botên nate kantun, mirêng Tuwan Kènlêr dhatêng akanthi pastur wau, namung garundêlan kemawon. Ngêmungakên Tarsan ingkang lêstantun katingal sabar.

Botên watawis dangu Tuwan Kènlêr gita-gita lumêbêt ing lusmèn ngriku. Lan sarêng sumêrêp Nonah Jinê sakancanipun, kanthi bingah piyambakipun bêngok-bêngok makatên: Sukur, sukur. Ing suwau kula tansah kuwatos kemawon, kraos kula ayêm sarêng kula sumêrêp motor panjênêngan, Tuwan Kleton. Margi ingkang sisih kidul sampun katutup dening latu babarpisan, amila kula lajêng kapêksa wangsul dhatêng kitha, saking ngrika mêdal margi ingkang sisih wetan, kula lajêng sagêd dumugi ing ngriki punika. Pangintên kula, botên badhe kula sagêd dhatêng griyanipun Nonah Jinê malih. Amila lêga sangêt manah kula, dene panjênêngan sadaya sampun sami wontên ngriki.

Sadaya ingkang sami wontên ing ngriku, namung sami kèndêl kemawon. Ngêmungakên Tarsan ingkang lajêng mênthêlêng angawasakên, kadosdene caraning singabarong ngawasakên dhatêng mêmangsanipun.

Nonah Portêr sumêrêp solahipun Tarsan, ingkang anjalari kuwatosing manahipun. Amila Nonah Jinê lajêng enggal wicantên makatên: Tuwan Kènlêr, mugi kula aturi nêpangakên, punika Tuwan Tarsan.

Kènlêr mengo saha lajêng ngulungakên tanganipun dhatêng Tarsan. Tarsan ngadêg saking palinggihanipun sarta lajêng andhêngklukakên badanipun kadosdene caraning satriya manawi suka urmat dhatêng tiyang sanès, inggih punika miturut punapa ingkang dipun wulangakên dening Litnan Dharno, nanging botên purun ngulungakên tanganipun piyambak. Ingkang makatên punika tumrap tatacara bôngsa kilenan, salêrêsipun botên prayogi, nanging saking bingahing manahipun, ing kala samantên Tuwan Kènlêr botên anglêgewa dhatêng tingkahipun Tarsan ingkang botên anêtêpi kasusilan wau.

Kosokwangsulipun Tuwan Kènlêr malah lajêng ngajêngakên dhatêng Nonah Jinê malih sarta wicantên: Nonah Jinê, punika Tuwan Pastur Tusle. Sasampunipun lajêng wicantên dhatêng tuwan pastur: Tuwan Tusle, punika Nonah Jinê.

Salajêngipun tuwan pastur lajêng dipun têpangakên kalihan sanès-sanèsipun. Sasampunipun rampung, Tuwan Kènlêr lajêng wicantên makatên: kados samangke Nonah Portêr kalihan kula sampun kenging dipun ijabakên. Prêlunipun ing mangke kula kêkalih mantuk dhatêng Baltimor mawi sêpur sontên.

Sakala punika Tarsan lajêng mangrêtos punapa pikajênganipun Kènlêr. Sarana mripat ingkang satêngah mêrêm, Tarsan ningali dhatêng Nonah Portêr, nanging botên ebah-ebah.

Dene mênggah Nonah Jinê kados tiyang bingung. Ing kala punika sadaya ingkang wontên ing ngriku, sami ngawasakên dhatêng Nonah Jinê.

Nonah Portêr apitakèn: Tuwan Kènlêr, punapa panjênêngan botên sagêd ngêntosi kalih utawi tigang dintên malih. Awit ing samangke badan kula punika taksih kraos lêsu sangêt, jalaran kula mêntas ngalami kawontênan-kawontênan warni-warni ingkang wigatos.

Kala punika Tuwan Kènlêr kraos, bilih sadaya ingkang wontên ing ngriku punika, sami botên anocogi dhatêng kajêngipun, amila lajêng nêpsu. Kanthi kasar lan tanpa tata Kènlêr wau lajêng wicantên makatên: Apa, aku dikon ngêntèni manèh. Trima kasih. Kowe wis jangji gêlêm diolèhaku aku. Aku êmoh yèn mung arêp kanggo dolanan bae. Iki aku wis anggawa pastur kang bisa ngijabake. Kowe saiki kudu nurut. Môngga, tuwan pastur, kula aturi miwiti. Ingkang kêdah dados sêksi, kados sampun anyêkapi.

Sasampunipun cariyos makatên, Tuwan Kènlêr lajêng nyandhak tanganipun Nonah Jinê nêdya kaajak nyakêti dhatêng tuwan pastur. Nanging sawêg kemawon Tuwan Kènlêr majêng sajangkah, ujug-ujug tanganipun kraos dipun cêpêngi kanthi kêncêng sangêt, lan ing gulunipun ugi kraos dipun cêpêng ing tangan ingkang kiyat sangêt. Botên watawis dangu badanipun lajêng kraos dipun umbulakên saha dipun obat-abitakên, kadosdene caraning kucing ngobat-abitakên tikus.

Kanthi gumun ingkang tanpa upami, Nonah Portêr ningali Tarsan, ing ngriku piyambakipun nyumêrêpi garis abrit ing bathukipun Tarsan, ingkang dipun sumêrêpi nalikanipun wontên ing têngah-têngahing wana gung ing tanah Aprikah, inggih punika nalikanipun Tarsan amangsah toh pati kalihan lurahing kêthèk ingkang nama Têrkos.

Ing ngriku Nonah Portêr mangrêtos, bilih botên wande Tuwan Kènlêr têmtu dipun pêjahi, amila kanthi ambêngok, nonah wau lajêng nyandhak Tarsan nêdya amisah. Nanging ingkang andadosakên jalaran kuwatosing Nonah Jinê, dede Kènlêr, nanging Tarsan, awit piyambakipun angèngêti dhatêng ukumaning tiyang ingkang amêjahi dhatêng sasamining manungsa, punika nyata awrat sangêt. (Badhe kasambêtan).

--- 13 ---

Nomêr 4, taun IV

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu

Cangkriman

[Kinanthi]

1. ana pati amung têlu / siji pati mawa sêdhih / loro pati mawa gônda / têlu pati suka yêkti / pati têlu iku apa / gônda bungah lawan sêdhih //

2. ana têmbung wanda catur / wanda siji lawan kalih / atêgês namaning tiyang / siji papat tiyang ugi / têlu papat inggih tiyang / loro papat jarwa radin //

3. ana klangênan kadulu / madha rupa kang darbèni / didumuk seje kang kêna / yèn didohi angoncati / lamun cêdhak lir sumewa / sapa wêruh madha warni //

4. rina wêngi tanpa turu / yèn turu wis mêsthi mati / nadyan urip tanpa nyawa / tanpa tangan mripat kuping / tanpa cangkêm bisa ngucap / yèn ngucap ya tôndha urip //

5. tulis limang wanda kumpul / wanda siji lawan kalih / têgêsnya papan panggenan / wanda tiga tuwin ugi / wanda catur lawan gangsal / têgês kawi sêrat yêkti //

[Pocung]

6. bapak pocung / triwêlas cacahnya suku / samya lumaksana / ning kang mlaku namung kalih / praptèng ngênggon si suku napak sadaya //

7. wontên pandung / mlêbu mêtu gawa dhadhung / dhadhunge tan udhar / yèn udhar malah tan bêcik / praptèng ngênggon si pandung mêdhot priyongga //

Babaring Cangkriman

1. pati kang sêdhih = patining diyan. Pati kang mawa gonda = patining tinggi. Pati kang mawa suka = patining tuma. Yèn pinuju dhidhis olèh tuma, ginugut mak cêplus, sajak sênêng atine.

2. têmbung patang wanda. Wanda 1, 2 jênênge: sura = wong sing jênêng sura. Wanda 1, 4 karta, wanda 2, 4 = rata, dadi Surakarta.

3. wong ngilo.

4. jam gêdhe.

5. tulis 5 wanda: wanda 1, 2 jênênge papan panggonan, yaiku bale, wanda 3, 4, 5 kawining layang, yaiku pustaka, dadi bale pustaka.

6. pocung: wong adol cao. sikil angkring 8, sikile wonge 2, lan dhingklik 3, dadi gunggung sikil 13.

7. wong andondomi.

Mulyana.

--- 14 ---

Motoran Mabur

Yèn anggagas kasênênganing bocah iku sok angguyokake, saka anggone dhêmên nêniru utawa nirokake kaanan warna-warna kang ditindakake ing wong tuwa. Kaya ta baris-barisan, balapan, gêlutan, antêm-antêman lan liya-liyane. Kabèh mau sakawite saka wêruh kaanan mangkono.

[Grafik]

Patraping bocah nêniru mau nyênêngake, nanging iya ana kang nyamari, kaya ta gêlutan utawa antêm-antêman, iku lumrahe anjalari dadi grêjêgan, awit bocah kang pancène wis kalah, iku mêsthi ora nrima, wusana dadi gêlut utawa antêm-antêman têmênan.

Dene kang bangsane dolanan iku akèh kang diwujudake rêrupan kaya kang ditiru, upamane pêpêthan motor mabur, iku ana kang diwujudake awak-awakan motor mabur tumumpang ing sêpedhah rodha têlu, dalah awak-awakaning motor mabur bae iya nganggo tulisan jênênging motor mabur, muni Uiver K.L.M. (nontona gambar), iya iku jênênging motor mabur Walônda kang misuwur mênang balapan saka Inggris mênyang Ostraliah dhèk samana.

Mêsthine bocah kang nunggang sêpedhah kaya ngono mau gêdhe atine, rumasa kaya nunggang Uiver têmênan.

Yèn dipikir mangkono, tumrap kabungahaning bocah iku uga tansah gêgandhengan karo mangsane, iku wong tuwa kaya ora bisa mênggak. Upamane bae nuju usum layangan, sabên bocah padha dolanan layangan, malah bocah kang satêmêne durung bisa ngundha layangan, iya milu-milu mangkono. Môngka tumraping wong tuwa, bocah ngundha layangan iku dianggêp ora bêcik, jalaran banjur panasan, lan mripate mandêng panas. Nanging yèn pancèn nyata dolanan iku ora gacèr sabab, sênênging bocah iku iya gawe bungahing wong tuwa.

--- 15 ---

Bangsaning Anèh-anèhan

Taman bocah kang kapungkur mêntas ngêmot gambare wong nyulap bôngsa Indhu kang ngeram-eramake, lan angèl bangêt anggone nêmokake sabab-sababe bisa mangkono.

Iki ana anèh-anèhan manèh, nanging dudu bangsaning sulap, mung saka kaprigêlan bae, wujude: pring dawa mêrit pucuk, ing dhuwur ana wong numpangake wêtêng ana pucuking pring mau, lan ing sadhuwuring sirah ditumpangi klênthing loro.

Yèn digolèki nalare, kono kêtêmu jalaran saka anggone bisa ngêtrapake timbanging awak (bobot).

Ing bab timbanging awak, iku satêmêne tumraping bocah karêp nindakake, yaiku yèn nunggang sêpedhah, iku samôngsa durung bisa ketok anggone rêkasa, bokonge tansah megal-megol ora lèrèn-lèrèn, êndi kang prênah abot malah diboti sisan, mula iya banjur gêdêbug tiba.

Patrap kaya kang kacêtha ing gambar iku sanadyan anèh, nanging dunududu. bangsaning sulap, mung lugu saka kaprigêlan bae, lumrah ditindakake bangsaning wong kumidhi, tindake warna-warna bangêt, ana wong kang sarana mènèk ôndha sopakan, disôngga ing sikiling wong kang turon malumah, barêng wong kang mènèk mau wis têkan ing dhuwur, andhane diilangi uwat-uwate kang sasisih, dadi wong kang mènèk kari mènèk ing pring andalêjêr siji. Ing kono wong kang ana ing dhuwur banjur mitongtonake kabisane, kaya ta jêngkêlitan liya-liyane, kang anggumunake. Satêmêne tindak kang kaya mangkono mau kêna ditiru, tandhane wis akèh wong kang ambarang tontonan bangsane ngono kang sairib bae kabisane.

Dadi yèn kaya mangkono, anèh-anèhan kang kaya ngono mau kêna ditiru.

[Grafik]

Mangkono uga ing bab tindak liya-liyane kang uga kudu mawa têtimbangan kaya ngono. Nanging yèn arêp niru patrap kaya kang kacêtha ing gambar, alon-alon dhisik.

--- 16 ---

Sênêng-sênêng

Ana bocah wadon loro A. lan B., lanang siji jênêng C. Padha sadulur. Bocah têlu mau padha dhayoh-dhayohan, gunêm lan patrape mangkene:

C. Kulanuwun.

A. Môngga dhi bei, lajêng kemawon, dene siyang-siyang.

C. Inggih. Prêlu tuwi anggènipun bakayu sugih panganan.

A. Inggih, pancèn kêlêrêsan, punika mêntas damêl panganan warni-warni. Dhi bei mirêng saking sintên.

C. Saking mambêt piyambak.

A. Punapa sampeyan kaparêng ngêdhapi, dhi bei.

C. Ajêng kemawon, nanging ingkang pêpak.

B. Bok dipun sambêti, nanging ingkang kathah.

A. Punika lo, eca, mrêteganipun kathah, kêmrêmês. La, punika ingkang namung gurih, botên lêgi.

C. Inggih, kula karêm sadaya.

B. Nanging anggènipun dhahar inggih ingkang alon-alon, utawi mawi kèndêl, punika panganan alusan.

A. Dipun sakecakakên anggènipun dhahar.

C. Sampun kuwatos.

B. Punapa dhi bei punika wau saking dalêm dèrèng dhahar.

C. Dèrèng, tiyang pancèn mangrêtos badhe nêdha eca wontên ing ngriki.

A. Kula sawang-sawang dhi bei punika badhe nêlasakên panganan. Bok inggih kèndêl-kèndêl ngandikan rumiyin.

C. Botên, trimah lajêng kemawon mupung wontên.

B. Punapa dhi bei botên tumuntên kondur.

C. Inggih, sampun kalilan kalihan nyuwun brêkatan.

A. Dhi bei punika pancèn prigêlan, inggih sampun kapok mriki.

C. Kados botên, ingkang kula kapoki punapanipun, tiyang sadaya eca.

A. Punika brêkat kangge angsal-angsal ingkang wontên ing dalêm.

C. Inggih sakalangkung nuwun.

B. Sampeyan punika tamu inggih nothol, inggih anggondhol, môngga, môngga.

--- [0] ---

Ôngka 13, Stu Lê, 12 Dulkangidah Wawu 1865, 16 Pèbruari 1935, Taun X

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [197] ---

Ôngka 13, Stu Lê, 12 Dulkangidah, Wawu 1865, 16 Pèbruari 1935, Taun X

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Tatwawara - Mantu mawi Tumplak Ponjèn - Kawontênan ing Tiongkok - Cocoging Panggêsangan ing Jaman Malèsèd - Topong ing Cêrme - Adpêrtènsi - Bab Gadhah Damêl Cara Modhèrên - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Tatwawara

[Pangkur]

pusakaning pra jawata / pasopati sanadyan cundhamani / kang kocap bisa anggêmpur / jagad saisinira / durung padha lamun tinandhinga iku / lawan pusakaning gêsang / kang ana ing guwa gaib //

nanging parêk tan pantara / sabên janma gampang kang nêdya ngambil / parandene kèh tan wêruh / môngka sing sapa wikan / lawan bangkit anggadhuh pusaka iku / kalis sagung pôncabaya / cinadhang-cadhang swargadi //

karam manjinga naraka / marma sapa janma kang tan darbèni / nora wurung lêbur tumpur / uripe tansah rusak / nora ana sarana kang bisa tulung / byukana sagung usada / lah masa bisaa mari //

sêkar wijaya kusuma / kang jarene basabisa. nguripkên pati / mêksa ora bisa tulung / kajaba sawabira / si pusaka kang wus rakêt gulang-gulung / jatining kadhatonira / jro guwa garbaning janmi //

yèku nèng têlênging manah / tanpa warna tan gatra tan kaeksi / mara kalamun cinêluk / bungah yèn rinasuka / mrana-mrana mung barkahi karyanipun / dadi panulak sangsara / panglêburing satru sakti //

glèthèk pêthèl nyatanira / ingkang aran pusakaning aurip / yaiku têntrêming kalbu / sapa têntrêm tyasira / têmên-têmên wus manggon panggonan besuk / ya swarga kang tanpa kira / saksine si Bayanmani //

--- 198 ---

Tanah dalah Tiyangipun

Mantu mawi Tumplak Ponjèn.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 12.

Bilih kaothak-athik bab ing nginggil wau rujuk dhatêng kawontênaning tatacara kina, kados ta lare badhe kasemahakên makatên awis kasumêrêpakên jodhonipun (lakinipun) sampun tamtu lulutipun botên gampil, trêkadhang elik, pramila ngantos sapriki dhukun wau taksih kêlimrah dhatêng tatacara, botên sanès dhukun wau atêgês tukang manuhakên, sampun tamtu mawi ngèlmi, ngantos sapriki ingkang isaratipun mawi nyuwuk pangantèn inggih ingkang winastan nanêm pangantèn wau. Mênggahing pamanggih Jawi taksih kathah ingkang ngrungkêbi.

Dene sapiturutipun botên prêlu kula cariyosakên, ngêmungakên sapêkênipun pangantèn cara Têgal ngriku ingkang winastan balik kalasa. Punika kula sêngguh: klasa dipun walik, ananging botên makatên. Sujarahipun:klasane dibalèk-balèkake, sabab wis bubar prêlu. Bab punika inggih gêgayutan kawontênan ingkang kina malih. Cêkakipun para maos rak inggih ngalami jaman sadèrèngipun kursèn, punika manawi rêrubungan ngêmpal-ngêmpalakên sadhèrèk kathah, inggih sampun tamtu mawi gêlaran kemawon, inggih saking ngriku larah-larahipun sapêkênan winastan: balik kalasa wau. Wêkdal punika mangsulakên gêlaran.

Ing wasana kantun nyariyosakên mantu mawi tumplak ponjèn kasêbut ing nginggil, punika pancèn mawi numplak ponjèn sayêktos. Ananging inggih wontên èmbèl-èmbèlipun sakêdhik, sabab sampun dumunung upacara wau, dados sabotên-botênipun inggih mawi rêrênggan, liripun ponjènipun inggih andadak, sabab tamtu kadamêl sae, ponthang sutra utawi sasaminipun.

Kados prêlu katêrangakên, ponjèn makatên punapa ... . Ponjèn makatên barang prêlunipun kangge rimatan ênthik êmpon-êmpon, pirantosipun tiyang ambayèni, adat jaman kina. Cara wetanan wadhah wau kawastanan bothekan, awujud kothak, sarêng ponjèn awujud cangklong mawi kolor, sampun tamtu badhenipun bôngsa sêmbêt. Cêkakipun kalimrahipun ing Têgal sampun kaliru tampi, punika jaman rumiyin, mèh sabên somah tamtu gadhah barang makatên wau, tandhanipun têmbung ponjèn wau, tumrap ing Têgal bêbasanipun kêsampar-kêsandhung, limrah kangge pocapan. Botên sanès atêgês nyariyosakên kawontênaning Pangeran, punika isbatipun tiyang andumuk gajah, tamtu namung sagêd andumuk ingkang kaya ponjèn, sabab ngêmèk suku gajah, kaya ilir, andumuk kuping tuwin sapanunggilanipun. Kados makatên ingkang kula mirêngi tiyang sualan. Cobi sami kagaliha kados pundi pandumukipun sajatosing gajahipun, punika ancêr-ancêr pandumukipun, pancèn ingkang Maha Kawasa wau ingkang hak.

Nglajêngakên rêmbag mantu mawi upacara numplak [numpla...]

--- 199 ---

[...k] ponjèn wau. Kula sampun matur ponjènipun tamtu kadamêl pèni, kaisenan bêras kuning, ênthik êmpon-êmpon ugi mawi, nanging namung sarat, dados namung sacuwil kalih cuwil sampun cêkap, kapêthuthukakên ing panggenan sajèn pangantèn.

[Grafik]

Upacara panggihing pangantèn tanah Sèlèbês.

Kocapa, manawi pangantèn sampun kapanggihakên adat tatacara ing padhusunan, para tamu lajêng nuju ponjèn wau, prêlu ngisèni arta, inggih namung 1 sèn, 2 sèn. Manawi caraning kapriyantunan, ponjèn wau kaladosakên mawi baki dhatêng ngarsaning para tamu sarta ugi lajêng sami ngisèni arta, inggih sakuwaosipun. Sasampunipun ponjèn wau isi arta, lajêng katumplak wontên sangajênging pangantèn sakalihan, dening dhukun lajêng kapalih byak, sabageyan melikipun pangantèn jalêr, sabageyan malih melikipun pangantèn èstri. Arta wau kapilihi sarta kaetang piyambak-piyambak. Cêkak aosipun, pundi ingkang artanipun langkung kathah, nandhakakên agêng rijêkinipun. Namung kados punika angkatanipun. Istingarah mênggah saking pamanggih kula angkatanipun sampun têbih saking mula bukanipun, awit jaman suwau tamtunipun namung pasêmon mantu wêkasan, makatên ugi mênggah pikajêngipun ponjèn dipun tumplak punika. Ewadene angkatanipun samangke têka kangge nôndha agêng aliting rijêkinipun pangantèn. Punika sampun botên nama mokal, saminipun pasumbang dhatêng tiyang gadhah damêl, ing mula bukanipun mêdal saking kasuciyan, katrêsnan, majêng-majêngipun sinarêng malêbêt ing kaprajan, tatacara, lajêng manjing rèh kaprawiran, sampun tamtu kathah ingkang lajêng botên suci, milanipun wontên wiraos: asal suci ananging dhumawahipun wontên ngalam donya lajêng botên, pramila ing donya sok winastan panggenan goroh.

Sumadi, Pangarasan.

--- 200 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Tiongkok.

Pasulayanipun Tiongkok kalihan Jêpan, punika tumrapipun ingkang sami ngawaki, lajêng sami rumaos saya manggih wawasan ingkang andadosakên kamajênganing babagan prajurit dalah dêdamêlipun.

[Grafik]

Ombyakipun tiyang ningali ombak ing pasisir sagantên Angcao laladan Tiongkok.

Tumrap Tiongkok piyambak, ing bab kamajênganipun, pancèn sampun tuwuh ing sadèrèngipun pasulayan kalihan Jêpan, dene adêging kaprajuritan, pandadaripun agêgosokan kalihan kadang piyambak, inggih punika pêpêrangan ing Tiongkok kala samantên.

Dene ingkang dados agul-agul anênuntun, punapadene nênangi manahipun bôngsa Tiyonghwa, punika dhoktêr Sun Yat Sèn, ingkang sinêbut pujangganing nagari Tiongkok. Nanging dèrèng ngantos sampurna yêktos, kasêlak seda.

Ing sasedanipun dhoktêr Sun Yat Sèn, ewahing nagari Tiongkok sampun katingal sangêt, nanging tumrap pamawasipun Nyonyah Sun Yat Sèn, inggih punika warandhanipun dhoktêr Sun Yat Sèn, ingkang pancèn ambiyantu yêktos dhatêng tindakipun ingkang raka, rumaos taksih dèrèng nglêgakakên. Ing bab punika, Nyonyah Sun Yat Sèn inggih têrus tansah ngudi kasêmbadanipun, murih Tiongkok majêng kanthi kasantosan yêktos.

Ing sakawit, Nyonyah Sun Yat Sèn sasampunipun lêlana dhatêng Eropah lajêng mêmpên wontên ing papan sêpên. Dene mênggah nyatanipun tansah mindêng ngudi ajênging bôngsa, wusana kalampahan sagêd ngêdalakên buku, ingkang suraosipun sakalangkung anênangi dhatêng kabangsan, inggih punika sayuk rukun tumandang ing damêl manawi wontên paprangan, kêdah tumindak sêsarêngan tumrap golongan wadya punapa kemawon. Môngka tumrapipun Tiongkok botên kêkirangan wadyabala, manawi kapetang dalah pulisi ingkang sikêp dêdamêl, kintên-kintên wontên 3.000.000. Ngudi murih sabên tiyang jalêr malêbêt dados prajurit manasuka, tumrap tiyang ingkang botên kuwagang manggèn ing ngajêng, kenging manggèn ing wingking. Kêdah angsal pambiyantu bôndha

--- 201 ---

saking golongan sajawining praja, tuwin sawarnining pakaryan dados haking praja, tuwin sanès-sanèsipun malih. Mênggah wosing kajêng wau supados Tiongkok anggadhahi wadyabala ingkang nyêkapi tuwin adhêdhasar purun yêktos. Bilih kalampahan sagêd makatên, Tiongkok badhe botên gampil dipun êkul ing sanès.

[Grafik]

Ombaking sagantên, ing pasisir sagantên toyanipun katingal santêr.

Pangrantam ingkang kados makatên punika saèstunipun saupami kasêmbadan, inggih adamêl kasantosan yêktos, nanging sarèhning kawontênanipun ing Tiongkok punika kadosdene sampun kèbêkan mêmala, pinanggihipun botên sagêd sarwa mulus, ngrika-ngriki tansah tuwuh darêdah, saya tumrap ingkang gêgayutan kalihan praja sanès, pinanggihipun tansah adamêl sarwa pakèwêd. Kados ta ing ngajêng nalika Syang Kai Sèk dhatêng Tiongkok sisih lèr, prêlu badhe ngrêmbag ing bab babagan Mongguliah supados sagêd saiyêg kalihan golongan sanès ing Tiongkok, anggèning Jendral Syang Kai Sèk angrêmbagi wau kanthi dhêdhasar ingkang mikantuki dhatêng praja, awit sampun sumêrêp dhatêng sêsulak pangêsukipun Jêpan dhatêng laladan ngriku, inggih punika sasampunipun Jêpan sagêd ngrêgêm Mansuriah, Jihol tuwin Kahar, pancèn gadhah panjôngka badhe nêlukakên Mongguliah. Saha Jêpan botên kêkirangan anggènipun miluta rêmbag ingkang tumuju dhatêng para agêng, murih sampun sami anggêga dhatêng rêmbagipun Tiongkok. Bab makatên punika pinanggihipun namung damêl sarwa pakèwêding sadayanipun, dening sadaya araos sami namakakên pamiluta, dene kasêmbadanipun namung gumantung ingkang kataman ing rêmbag.

Manawi miturut tatananipun Jêpan, Monggoliah punika dipun wastani sampun kêgolong dhatêng Mansuriah, awit Nata Mansuriah punika ajêjuluk ratu ing Mansuriah tuwin Mongguliah. Nanging jalaran saking tumindaking golongan abrit, Jêpan mangrêtos bilih Mansuriah punika pisah kalihan Monggoliah. Môngka saupami kasêmbadan, nagari kêkalih wau sagêd nunggil, pinanggih dados dalanggung agêng dhatêng laladan Siberiah têngah, saha sagêd misah manunggiling Sopyèt Ruslan ing perangan kilèn tuwin wetan. Ing salajêngipun Jêpan tamtu badhe mênang daya saha sagêd madêg panguwaosipun [panguwaosi...]

--- 202 ---

[...pun] wontên ing ngriku.

Tumrapipun Tiongkok, ugi anganggêp wigatos sangêt dhatêng kawontênanipun Mongguliah, awit kenging kangge sarana ngêmpalakên laladan-laladan ingkang rumiyin kabawah dhatêng Mansuriah. Kajawi punika Mongguliah punika ugi dipun anggêp satunggiling nagari ingkang loh jinawi.

[Grafik]

Ombaking sagantên katingal mêndha.

Nanging wantuning kawontênanipun Tiongkok punika sampun pating bêlandhit botên kantên-kantênan, badhe dipun rekadaya kadospundi kemawon inggih sampun rêkaos pulihipun, dening ngrika-ngriki tansah anglêbêti daya. Dene pangêsuking daya wau ingkang langkung kiyat, daya saking sajawining Tiongkok, tôndha yêktinipun tumrap golongan Mongguliah malah anyigèni dhatêng bangsanipun piyambak, upaminipun, barang-barang ingkang asli saking Tiongkok lajêng dipun anggêp barang asli saking môncanagari, lajêng kakengingakên bea, ingkang wusananipun malah adamêl kapitunanipun Tiongkok piyambak, saha Mongguliah sampun botên niyat badhe sêtya dhatêng Tiongkok.

Sarèhning Mongguliah kados makatên, tumrapipun Jêpan tuwin Ruslan lajêng ngrakêt saha ngêdalakên pangêbang nêdya angayomi Mongguliah samôngsa wontên baya pakèwêd.

Ing bab punika tumrap pangudinipun Tiongkok anggèning nêdya nunggilakên Mongguliah rumaos cabar ing damêl, mila pêpuntonipun lajêng atindak sêrêng, saha lajêng gadhah tindak nyêbar rakyat dhatêng laladan Mongguliah, pundi pasitèn ingkang asli gadhahanipun bôngsa Monggul, lajêng dipun bêskup, salajêngipun dipun sukakakên dhatêng rakyat ingkang ngumbara mriku punika.

Wusana pinanggihipun ing lêlampahan, Mongguliah lajêng ngrakêt dhatêng Ruslan. Ingkang makatên punika pinanggihipun namung badhe damêl kasusahanipun Jêpan tuwin Tiongkok.

Mirid kawontênan ingkang kados makatên wau, dados nama botên anèh bilih ing laladan ngriku taksih asring tuwuh pasulayan, awit pancèn taksih araos mêmêngsahan. Dene manawi sagêd pinanggih rukun, inggih sukur.

--- 203 ---

Rujak Wuni

Cocoging panggêsangan ing jaman malesê.

Ing jaman mêlasasih punika nagari botên kêndhat anggènipun tansah ambudidaya ngawontênakên tatanan warni-warni, ingkang manawi kasawang namung sagêbyaran kadosdene namung badhe adamêl indhaking rêkaosipun para kawula, nanging manawi dipun satitèkakên saèstu, ing ngriku lajêng katingal bilih nagari lêrês-lêrês anggèning badhe rumêksa murih wilujênging tanah InthonesiahIndhonesiah. dalah satêtiyangipun, kados ta:

Ngindhakakên bea tumrap lêbêting wos mônca ingkang kasade mriki. Para têtiyang bayaran têmtunipun lajêng sami ngangluh, makatên upaminipun: Saya suwe nagara anggone gawe rêkasa para kawulane ora saya mêndha, nanging malah saya kêbangêtên, anggone mata dhuwitên, saya suwe têka saya mêlok bangêt. Blanjane wong sajagad padha dicêngklongi, saikine pangan sing dadi baku, rêgane dilarang-larangake, jalaran saka anggone mata dhuwitên ngundhakake beaning dagangan bêras sing mlêbu mrene, kang anjalari bêras kene kapêksa mundhak rêgane. Ewadene cap sabenggol kang wis dianggêp nyukupi isih ditêtêpake bae. Malah jarene saiki bisa urip cukup mung rong sèn.

Pangangluh ingkang kados makatên punika pancènipun inggih botên kenging dipun paibên, mila nyata tumrap kaum bayaran, rêkaosing gêsangipun saya mêncit. Amung kemawon mênggah sanyatanipun, nagari ngawontênakên pranatan wau, botên sanès inggih jalaran saking kawicaksananipun. Awit tumrap tiyang bayaran, sanajan balanjanipun dipun longi kathah, nanging sadintên-dintênipun sabenggol têmtu taksih gadhah, dados sanadyan kêtèkèng-tèkèng, cariyosipun inggih mêksa taksih cêkap kangge nêdha. Kosokwangsul kalihan kawontênanipun kaum tani, manawi wulu pamêdaling sitinipun ingkang kajagèkakên kangge ambayar paos utawi kangge têdhanipun sataun, botên pêpajêngan, têmtu ... rugi sêmuanyah. Amila lajêng dipun wontênakên pranatan makatên wau, prêlunipun supados uwos mônca namung sakêdhik ingkang sagêd lumêbêt mriki, ingkang anjalari indhaking rêginipun uwos ngriki. Dados ing ngriku nyata, bilih nagari botên namung mata dhuwitên, nanging têmên-têmên saking anggènipun ngrêksa para kawulanipun.

Lajêng wontên malih pranatan nagari amatêsi lêbêting barang-barang dagangan saking mônca, punika inggih kathah ingkang sami kêdumêlan, kados ta upaminipun makatên: Krêsaning nagara iku, yèn ginagas saya ora mangrêtèkake, apa krêsane, cik bèn kene bali nganggo agama Adam manèh, yaiku: cukup mung blêjêt, mangan nganggo ajang godhong, ngombe cukup ngokop bae, lan sapiturute. Ingatase kene lagi rumasa duwe sênêng sawatara, dene ingatase jaman lagi kaya ngene, têka ana barang mônca sing murah-murahan rêgane, kang mitulungi gêdhe bangêt tumrap marang para kawula, kang uripe rada morat-marit, jêbul ujug-ujug banjur mak: glothak, ana pranatan amatêsi lêbuning barang mônca kang murah-murah mau. Apa iki iya tunggale mata dhuwitên manèh.

Garundêlipun têtiyang ingkang makatên punika, sajatosipun namung saking anggèning kêcingkrangan gêsangipun, ingkang satêmah nuwuhakên rupêking pikiran. Jalaran, manawi dipun manah saèstu, punapa inggih sampun trimah gêsang lan panggêsangan ngriki punika, namung gumantung saking mônca. Manawi barang-barang dagangan mônca wau namung dipun êjorakên kemawon kados ingkang sampun-sampun, botên wande sadhengah daganganipun piyambak ngriki, kados ta: bangsaning tênunan, bathik lan dêdamêlan kriya sanès-sanèsipun saya sirna. Amila nagari ngawontênakên pranatan wau, inggih saking wicaksananipun, badhe anggêgêsang sadaya pakaryan ingkang dados dêdaganganipun tiyang ngriki. Dados botên nama saking mata dhuwitên kemawon, jalaran saking anggènipun rumêksa murih wilujêng saha kamajênganing para kawula.

Kajawi punika taksih kathah tatananing nagari, ingkang wosipun: rumêksa murih karaharjan saha katêntrêman. Emanipun dene ing tanah ngriki punika wontên tatanan ingkang mawi bêbadan tur mardika sangêt, ngantos nagari katingal rikuh badhe tumut cawe-cawe. Kados ta upaminipun ing kitha Batawi ngriki, punika kathah kawontênan-kawontênan ingkang botên anocogi babar pisan kalihan kawontênanipun jaman mêlasasih punika. Upaminipun:

Toya ombèn, punika têtiyang ing Batawi prasat satêngah dipun pêksa kêdah ngangge toya ilèn-ilèn mawi pipa ingkang dipun wontênakên dening gumintê ing Batawi, sampun têmtu sarana cucul arta. Angènipun gumintê ngawontênakên toya pipa wau, miturut katêranganipun minôngka pangrêksa tumrap kasarasan. Punika mila inggih nyata. Salêbêting môngsa utawi jaman mêlasasih punika sadaya rêrêgèn sarwa mandhap, nanging sarèhning toya gumintê wau adamêl kasarasaning tiyang, rêginipun sampun têmtu botên mandhap, tansah ajêg kewala, bokmanawi pikiranipun gumintê kasarasaning tiyang prêlu dipun rêksa.

Ing Batawi punika manawi wanci siyang, margi-marginipun bêntèr sangêt, amila tiyang kapêksa lajêng kêdah sami nênumpak, têmtunipun inggih botên nênumpak motor, dhilman, dhokar, nanging inggih pados tumpakan ingkang mirah-mirahan, inggih punika trimah numpak trèm utawi sêpedhah. Sêmunipun gumintê punika kathah wêlasanipun, murih motor, dhilman, lan sapanunggilanipun wau pêpajêngan, saha gêgayutan kalihan rumêksaning kasarasan, gumintê lajêng amarêngakên, karcisipun trèm ingkang andhap piyambak, rêginipun kaindhakakên. Makatên ugi paosing sêpedhah, ingkang suwaunipun f 1.- sataunipun, punika lajêng dados kalih rupiah.

Langkung malih bab lampu listrik, punika têrus mêndele ajêg kemawon taripipun. Lan gumintê sêmunipun kados inggih ayêm kewala.

Amila sangêt-sangêt panuwunipun para kawula, ambok inggih wontêna kaparênging nagari krêsaa cawe-cawe kadospundi murih prayoginipun babagan kasêbut ing nginggil, kadosdene pranatan nagari anggèning ngandhapakên taripipun sêpur S.S. Makatên ingkang tansah dados pangajêng-ajêngipun, pun Pênthul.

--- 204 ---

Topong ing Cêrme

Kajawèn ingkang sampun kapêngkêr sampun nyariyosakên saha ngêwrat mênggah kawontênipun topong ing Cêrme, ing ngriki nyambêti sawatawis punapadene mratelakakên topong (kopyah) wau ingkang sampun dados saha kaangge dening lare-lare ing padhusunan ngriku, kados kacêtha ing gambar.

[Grafik]

Mênggah andharanipun sawatawis, inggih punika, mulabukanipun ing ngriku punika wontên salah satunggiling tiyang ing jaman kina (jaman Majapait) tiyang nama Korêm, jalaran katitik saking kasagêdanipun warni-warni, dening Sang Nata Majapait katarimah saha kaparêngakên mangangge kopyah ingkang wujudipun mèmpêr kagunganipun makutha sang prabu wau, nanging ingkang kadamêl ngêmungakên bangsaning sukêt, kados ingkang sampun kaandharakên. Dumugi sapunika kopyah wau taksih dipun nalurèkakên ngangge cara jaman kina-kinanipun, punapadene kadamêl dening tiyang ngriku piyambak.

Miturut kawontênan ingkang kados makatên punika, tumrap sintên ingkang rawuh ing Crême tamtu kagèt manawi mriksani pangangge ingkang kados makatên punika, nanging nyatanipun sampun kêlimrah tuwin dados cara.

--- [205] ---

[Iklan]

--- 206 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Bab Gadhah Damêl Cara Modhèrên.

V.

Garèng: kanggo mungkasi rêmbug ing bab duwe gawe cara modèrên ing Magêlang, Truk, aku isih arêp takon rong êbab manèh, yaiku: ing bab lêladèn lan ing bab sumbang. Mungguh cara-carane ing kono kêpriye, Truk.

Petruk: bab lêladèn, wah, cêkake: kang Miyun, Kang Garèng. Tumrap para tamu putri, sing ngladèni kênya-kênya para putraning priyayi-priyayi kabèh ...

Garèng: Iki aku mupakat bangêt, Truk, prawan-prawan padha digisaudiginau. ngladèni kuwi. Apa manèh ana ing panggonan wong duwe gawe. Wong sabênêre mono aku sok sênêb bangêt yèn wêruh prawan ana ing panggonan wong duwe gawe, mung angêdhêngkrêng lungguh bae, nyang pandêlêngan sajake wong banjur katon sêmêlap kaya slilit.

Petruk: wiyah, ambok aja siya-siya mangkono, kowe kuwi têka isih tom-tomên jaman cilikmu bae. Nèk kala samono prawan kêkumpulan karo wong tuwa-tuwa, pancèn iya mung banjur kêthap-kêthip kaya bangkong diududi kae, sabab ing jaman samono prawan kuwi cara Landane mung: gêdheponir (disimpên) bae, dadi ora tau duwe kêkumpulan, mulane yèn banjur kêkumpulan karo wong akèh, iya sok palompang-palompong kaya bocah sing mêntas digondhol wewe. Nanging nèk mungguh ing jaman saiki, cara-carane kêkumpulan durung karuwan nganti kalah karo wong tuwa. Wong nèk prawan saiki rak wis padha bisa: aksi, sabab wong iya padha olèh pangajaran cukup, tur akèh kêkumpulane. Tindak-tanduke bae prawan jaman biyèn karo jaman saiki rak wis beda bangêt, nèk jaman biyèn, kok ana tamu jaka tumraping prawan, bêgja-bêgjane bisane wêruh ya mung sarana: ... injên-injên ana ing bolongan kunci, nanging nèk saiki, si jaka lagi bae muni: kulanuwun, ana bae prawan sing sok banjur enggal-enggal mêtu: srèk, srèk (iki unining kasute) srêbêt, srêbêt, (iki suwarane kimonone, sabab durung dandan, malah raup bae durung) sarta banjur nyuwara: dhah, menir, sitên, sitên (lênggah lênggah), pursêtelên (ajar kênal) aku Paijêm ...

Garèng: wiyah, apa prawan kapengin bangêt laki têka ngatag mêngkono, kowe kuwi nèk caturan cêkake ora mèmpêr. Wis, tak balènane

--- 207 ---

omongku ing ngarêp anggonku cocog bangêt anane prawan-prawan padha lêladèn ing panggonan wong duwe gawe kuwi, awit gunane mula iya akèh bangêt. 1e. Supaya bisaa tumandang gawe. 2e. Aja bangêt anggone rikuhan ...

Petruk: mêngko, sik, Kang Garèng, aku tak nyêla dhisik bab kapisan aku mula iya mupakat, nanging bab kapindho, aku rada ora pati srêg, sêmune cara kunamu kuwi isih lèngkèt têrus-têrusan. Jaman modhèrên kiyi wis kêna diunèkake, ora ana prawan rikuhan kuwi, mêngko rak kalakon diarani: prawan calingus, nèk saiki kiyi prawan padha kêndêl-kêndêl lan ora rikuhan, mulane nyang ngêndi-êndi iya wani dhewe, tanpa nganggo diêtêrake abdi, nyang Pêcinan, nyang pasar, nênonton, malah ana bae prawan sing nyang ngêndi-êndi mung narima diêtêrake: ... mitra lanang.

Garèng: Aja kaliru tômpa, Truk, sing tak kandhakake rikuhan mau, dudu tumrap sing kaya ngono kaya ngono kuwi, nanging tumrap nyambut gawe, awit mungguhing bocah wadon jaman saiki, kuwi sok akèh bae sing nyang barang gawe sajak nyatru, dikon nyang dhapur: tangane cithing-cithing, dikon umbah-umbah, jarene ora kêpengin dadi babu cuci, dikon lêladèn kirik-kirik rumasane arêp dadi undêrwisêrès karès kabèh. Lha nèk banjur mèlu rewang nyang panggonane wong mantu kuwi saka kagawa dening kônca-kancane, sok banjur kapêksa mèlu tumandang, sarta rikuhe mau nuli disampirake ing pagêr. Rak iya bêcik bangêt ta. Mung bae ... yak, arêp ngomong kok rada rikuh dhing aku.

[Grafik]

Petruk: Wiyah, ambok aja susah rikuh-rikuh, Kang Garèng, yèn pancèn ana gunane kaya prêlu kok lairake.

Garèng: Ora, Truk, wong aku iki wis tau ngalami wong duwe gawe mantu ana ing Batawi kene, iya ana panggonane bôngsa Indhonesiyêr, nanging dudu bôngsa Jawa, lo, ing kono sing padha lêladèn para nonoman-nonoman, prawan-prawan lan jaka-jaka, nalika isih sore mono, iya, wèh, aksi têmênan, nanging barêng wis rada bêngi akèh sing wis padha mamprung, barêng kabênêran aku arêp prêlu mênyang buri, ing kono para juru ladèn mau, jêbul lagi padha sontit-sontit (op uw gezondheid) lim-liman dhewekan.

Petruk: Nèk ana kadadeyan sing kaya mêngkono kuwi, sing wajib disalahake rak sing tuwa, dene kurang anggone ngulat-ulatake. Nanging bab iki disêtop samene bae. [ba...]

--- 208 ---

[...e.] Saiki tak nyaritakake ing bab sumbangan, lha, iki cara modhèrên têmênan Kang Garèng, awit prasasat ora ana sing nyumbang dhuwit, sing akèh-akèh padha nyumbang bêkakas omah utawa panganan.

Garèng: Bab sumbangan panganan, iki aku mumakat,mupakat. awit kêna kanggo nambêl pating jlaprèting suguhan. Dene sumbangan kang awujud pirantining wong omah-omah, kiyi iya ana bêcike, nanging iya ana alane. Bêcike tumrap sing duwe gawe: 1e. bisa andadak ngêdêkake toko, 2e. ing besuk yèn masane jagong nyang wong liya, ora prêlu nganak-anakake sing arêp kanggo nyumbang, nanging mung kèri mêthil siji barang sumbangan mau, dene alane: 1e. pikirane promosi, têgêse: lêbare duwe gawe ora mung kudu mikir-mikir wuwuhing utange, nanging uga kudu mikir-mikir kapriye anggone tansah anjaga barang-barang sumbangan mau, lan 2e. mêndhokoling atine uga promosi, sababe: wong kenene sing kelangan dhuwit sasayahe, sing lêmu jêbul: toko-toko sing padha adol bêkakas sing digawe nyumbang mau.

Petruk: Mêngko sik, Kang Garèng, rong prakara kang kudu tak takokake 1e barang-barang sumbangan mau rak dudu wong tuwa sing anduwèni, nanging wajibe kudu disangokake nyang pangantèn.

Garèng: Mula iya ana wong tuwa sing bangêt lomane, barang sumbangan kabèh digawakake marang anake lan mantune, nanging iya ana bae wong tuwa sing duwe pikiran mangkene: wiyah, iya ora adil jênênge, yèn barang sumbangan digawakake pangantèn kabèh, apa kana dikon anak-anakan têrus-têrusan, kene dikon ambêlandrêng kobol-kobol, yah, ya kudu sithike dhing ...

Petruk: Wah, lha, kiyi aku ora ngrêti yèn ana wong sing mangkono pikirane mau, mulane luwih bêcik aja dirêmbug dawa-dawa bae, saiki pitakonku kang kapindho, yaiku: apa kowe mupakat yèn sumbangan kuwi isih wujud dhuwit kaya ing jaman kuna kae.

Garèng: Iki aku iya ora mupakat manèh, sabab bisa nuwuhake kaanan sing êmbing kanane kae, tumrap sing duwe gawe bisa anuwuhake gagasan: anjagakake êndhoge si blorok, banjur dhal-dhêl, golèk utangan kanggo nganakake rame-rame gêdhêm-gêdhêman, sabab rumasane: saya rome, iya saya banjir dhuwit sumbangan, kang wusanane bisa uga banjur ngêmut driji. Tumrape sing arêp jagong, bisa nuwuhake watak gagah-gagahan, pênthêlus-pênthêlusan.

Petruk: Wah, iya bingung angonku ngrasakake, mêngkene ora cocog, mêngkono ora mupakat, lha, sing diakuri sing kêpriye.

Garèng: Sing tak mupakati, si tamu iya anggêr gêlêm, pênthêlus têka bae, sing duwe gawe kudu wis sênêng êmbahning sênêng, sing arêp nyumbang kudu ditolak, awit wajibe rak kudu sênêng lan sêmbah nuwun marang Pangeran, dene anake wis bisa mêntas, mulane banjur sêdhêkah, wis, Truk, bab iki sêtop samene bae.

--- 209 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKI.

Wêwakil Gupêrnur Surakarta. Awit saking usul dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana dhatêng Bogor, ing salêbetipun Gupêrnur ing Surakarta Tuwan M.J.J. Treur verlof, supados padamêlan gupernur wau dipun wakilana dhatêng Tuwan A.A.C. Linck Residhèn Kêdhu. Ingkang rama residhèn Linck punika mitra dalêm, tuwin wontênipun ing nagari Walandi ingkang ngopèni para putra dalêm ingkang sakolah wontên ing ngrika.

[Grafik]

Kacêpêng dening pulisi. Kêjawèn ingkang nêmbe kêpêngkêr sampun martosakên ing bab, wontênipun tukang-tukang grobag ing Samarang sami ngamuk jalaran botên sami purun ambayar pajêg grobagipun, ngantos wonten pulisi 3 ingkang nemahi tiwas. Inginggil punika gambaripun tukang-tukang grobag wau ingkang sami kadakwa ngamuk kacêpêng dening pulisi, kajagi kêncêng.

N.I.S. Ngandhapakên prabeya. Kawartosakên, wiwit tanggal 15 wulan punika N.I.S. ngandhapakên prabeya. Sêpur saking Sêmarang dhatêng Surakarta botên dipun wontêni sêpur kangge tiyang siti malih, kêkantunakên klas III pethak, kangge sawarnining bangsa. Rêgining karcis ingkang rumiyin f 1.09 salampahan, kaandhapakên namung f 0.60, bilih wongsal-wangsul tuwin kenging kangge sipêng 2 dalu namung f 1.~.

Ngajêngakên kapas jampi. Departement Economische Zaken sawêg ngrancang badhe ngajêngakên kapas jampi. Miturut petangan, kapas ingkang malêbêt ing tanah ngriki sabên taun 100.000 kg. Jêpan sagêd nglêbêti 13.000 kg. Kapas Jêpan limrahipun mêndhêt saking tirahanipunn ingkang kangge sinjang. Dene tumrap N.V. Eerste N.I. Verbandstooffen fabriek ing Surabaya, ingkang kadamêl wêdalan tanah ngriki, inggih punika saking kabudidayan Wanarêja, laladan Banyuwangi lèr, saking Dêmak tuwin saking Hollandia (Nieuw Guenea). Kintên-kintên kapas kados makatên punika sagêd majêng.

Milih têtiyang ingkang badhe dhatêng Lampung. Ing kabupatèn Klathèn mêntas ngawontênakên klêmpakaning tiyang ingkang kapilih badhe kakintunakên dhatêng Lampung, asli saking bawah Klathèn tuwin Boyolali gunggung wontên tiyang 204. Ingkang njênêngi ingriku Dr. Priters, controleur ing Lampung. Ingkang kapilih wau tiyang ingkang asli tani, tiyang ingkang sampun gadhah bojo. Têtiyang samantên punika ingkang kapilih wotên 3/4. Benjing 26 wulan punika wiwit ngangkatakên.

Panariking Loterij kaundurakên. Panariking loterij ingkang sampun katêtêpakên wontên tanggal 14 Februari, kaundurakên wontên tanggal 28 Februari ngajêng punika.

Pabrik sês Faroka saya agêng. Miturut pawartos, pabrik sês Faroka ing Malang saya dipun agêngakên. Benjing wiwit tanggal 2 April ngajêng punika, adêgipun sampun 3 taun, badhe dipun wontêni paargyan, saha kasarêng badhe ngindhaki pandamêlipun. Rumiyin sadintên ngêdalakên 5 yuta, lajêng badhe dipun indhaki dados 10 yuta iji.

Notaris dipun schorst. Miturut pawartos, awit saking karampunganipun Raad van Justitie ing Bêtawi, tuwan L.S.B. notaris ing Sukabumi dipun schorst wiwit tanggal 1 Februari 1935 laminipun 3 wulan. Dene jalaranipun, tuwan wau botên nêtêpi bab ingkang wajib dipun turut.

Prof. Wolff-Schoemaker ngêdêgakên masjid. Kawartosakên Prof. C.P. Wolff-Schoemaker, guru Technisch Hoogeschool ing Bandung, ingkang sampun mlêbêt Islam kala Dr. Khalid Sheldrake dhatêng tanah Jawi, anggènipun yasa masjid sampun rampung, sakalangkung sae, miturut gambar rancanganipun piyambak.

Kekirangan wos. Kapal api "Garut" sampun dumugi ing Tanjung Priok, ambêkta wos saking Rangoon 9150 ton. Wos wau wêlinganipun guprêmèn tanah ngriki. Wos ingkang 7000 kaandhapakên ing Bêtawi. Sanèsipun kabêkta dhatêng Cirêbon, Têgal tuwin Cilacap.

Malaria ing Cilacap. Miturut katrangan saking pakaryan kasarasan ingkang dipun pangagêngi dening Dr. Theunissen doktêr ing Banyumas, wontênipun têtiyang sakit sakiwa têngênipun Kroya saya mindhak, umraptumrap. distrik Cilacap têtiyangipun sami angsal panduman pil.

Manggih barang kina. Sampun sawatawis dintên wontên tiyang ing dhusun Kunir, Malang, adus dhatêng lèpèn manggih jêndhêlan mas agêngipun satigan dara. Barang wau lajêng kaladosakên dhatêng Ondheidkundige dienst ing Bêtawi. Katranganipun barang wau asli pêthikan sêkar trate ing rêca, nanging botên kapundhut, amargi sampun kathah. Salajêngipun asistèn wêdana ingkang ambawahakên lajêng akèn andhudhuk pasitèn sacêlakipun ngriku, sagêd manggih sela ukir-ukiran, saha lajêng kalapurakên dhatêng Oudheidkundigen dienst, ngatas dhawuh.

--- 210 ---

Angsal piwalês saking anggènipun mitulungi. Kala wontên amuk-amukan tukang grobag ing Sêmarang, Dr. van Rijn dipun bujêng dening tiyang 15 langkung. Dr. van Rijn lajêng malêbêt dhatêng griyanipun Tuwan Atmo ing kampung Batik Kampement, tiyang 15 dipun pambêng dening Tuwan Atmo tampi ganjaran saking Roelofs Handel Mij. awarni erloji merk Waltham Mas. Kajawi punika angsal ganjaran griya saking Gemeente, Wontên malih tuwan Sumo sagêd mitulungi tuwan Philipse, angsal ganjaran kapurih nggênggèni griya Gemeente ing gang Mangga lalahanan.

Arta tumrap golongan angguran. Centraal Werkloozen Comite ing Bêtawi, wiwit tanggal 16 dumugi tanggal 31 Januari 1935 tampi darma f 124.942.49. Arta samantên wau ingkang saking parentah f 100.000.~.

Miruda kacêpêng. Tuwan M.F.R. import firma "Sobiata" ing Surabaya, sampun dangu dados padosan, babagan nyalingkuhakên arta. Wusana tuwan wau kasumêrêpan numpak kapal "Sibayak" badhe wangsul dhatêng nagari Walandi. sarêng dumugi Medan, lajêng dipun cêpêng, salajêngipun kabêkta wangsul dhatêng Surabaya. Anggèning nyalingkuhakên arta wau wiwit wulan Juni kapêngkêr, kintên-kintên f 15.000.~.

Kaukum 10 taun. Ing ngajêng sampun nate kawartosakên, kassier Handelsbank ing Bêtawi nama Tjing Kim Bie badhe dipun cidra dening bangsa Armenie nama A. Keshishian, sudagar daging ing Pasar Sênèn. Sarèhning kalêpatanipun dakwa cêtha, kadhawahan paukuman kunjara 10 taun.

Badhe sinau dhatêng Jêpan. R. Soehadi wêdalan pamulangan ingkang dipun pangagêngi dening tuwan E. Estrada eog. inggih punika satunggiling pamulangan basa Inggris ing Batutulis, Bêtawi badhe nglajêngakên sinau dhatêng Jêpan.

Kuli-kuli kangge Nieuw Caledonie. Miturut pawartos, ing bab palilah tumrap consul-general Prancis ing Bêtawi anggèning pados kuli kangge Nieuw Caledonie saking tanah Jawi, ingkang rumiyin namung 110, dipun ewahi, kaparêngakên mêndhêt 1610 tuwin wancinipun kaindhakakên. Kuli-kuli wau badhe kapapanakên wontên ing kabudidayan têtanèn, pamelikan tuwin kawêkêlan.

Rêdi Krakatau. Miturut pawartos saking Serang, kawontênanipun rêdi Krakatau malah saya majêng, wêdaling latu tuwin kukus inggilipun ngantos 400 dumugi 500 m. Golonganing ahli rêdi tansah nitipriksa.

Directeur Departement babagan arta Praja enggal. Miturut kêkancingan tanggal 4 Februari 1935 tuwan G.F. De Bruyn Kops, waarnemend Thesaurier Generaal, katêtêpakên dados Directeur Departement babagan arta Praja, anggêntosi Tuwan De Leeuw.

Sêsulak badhe katêmpuh ing bêbaya kaluwèn. Ing Kroya katingal sêsulakipun badhe wontên bêbaya kaluwèn. Mênggah sababipun sampun salêbetipun 3 taun urut-urtan, sabinipun sami botên kamêdalan, wah lajêng kasundhul wontên sêsakit malaria. Ing saênggèn-ênggèn pinanggih wontên tiyang angguran pating kluyur. Ingkang wajib sampun nindakakên rêrigên pitulungan sapêrlunipun. Dumugining tanggal 10 Februri tiyang ingkang sampun kapitulungan sampun wontên 12.000. Tumrap waragad ingkang kangge nyadhiyani wos tuwin nyêgah malaria tuwin sanès-sanèsipun sampun têlas f 30.000.~. mêndhêt saking fond Regentschap Cilacap.

Pamulangan luhur Doktêr. Lulus Artsexamenen bagean kapisan ing pamulangan luhur doktêr ing Bêtawi, tuwan E. Th. Kal tuwin M Kanuyoso Jatiwibawa.

Pakêmpalan A.B.B. Wontên pawartos, ing Ngayogya wontên pakêmpalan nama Ali Basah Sêntot Prawirodirdjo Bond, pêrlu angguyubakên para darah wau, nanging tumrap gêgayutanipun agêng kalihan alit botên sagêd nunggil. Ing sapunika wontên ada-ada badhe ngêdêgakên ingkang tumrap golongan alit kemawon.

AMERIKA.

[Grafik]

Balapan kapal. Ing nginggil punika gambar balapan kapal ing Kalifornia kidul, Amerika. Ingkang sarèhning balapan wau sampun 25 taun dangunipun botên kawontênakên, dados têtiyang ingkang ningali wêkdal balapan punika kathah sangêt, kirang langkung wontên tiyang 50.000. Ingkang kacêtha ing gambar, ingkang mênang no. 6.

--- 211 ---

Wêwaosan

Sugih Atindak Mlarat

Dhoktêr: E, e, e, kula botên ngintên bilih panjênêngan inggih sagêd ngandika adhêdhasar lêrês, tuwin mapan. Nanging kadospundi ta, anggèn panjênêngan ngrumaosi pintêr, punika saksat caluluk piyambak atêgês kosokwangsulipun. Manawi kula panjênêngan galih manggan, punika rak tumrapipun dhatêng tiyang ingkang damêlipun namung dhahar sare, dados sami kemawon tumônja kadosdene dhatêng lêmbu. Cêkakipun sadaya pangandika panjênêngan, ing bab badhe nyambutdamêl, kula ina, tamtu botên kalampahan, èngêta lo, lêmbu badhe dados tiyang punika rêkaos. Sampun andum wilujêng, ing ngriki panggenanipun tiyang nyambutdamêl.

Tuwan Hènri rumaos namung tansah tampi pangina, ing batos mungêl: E, apa aku diarani ora bisa nyambutgawe têmênan. Sasampunipun anggagas makatên wau Tuwan Hènri lajêng wangsul, urmatipun dhatêng tuwan dhoktêr kados namung dipun sampar kemawon.

Sadumugining Jawi lajêng numpak oto, anggèning nginêpakên lawanging oto jumêglèg, dening dipun kagètakên. Sopiripun ngantos kagèt, awit bandaranipun botên nate gadhah tindak kados makatên, salaminipun namung sarwa sarèh. Wusana lajêng matur: Tindak dhatêng pundi malih, bandara.

Tuwan Hènri mangsli nyêntak: Yèn ora mulih, apa aku koêkon omah ana kene.

Sopir mirêng pangandikaning bandaranipun wau kèndêl kemawon, dipun kadingarèkakên, wusana mèsêm kalihan anglampahakên oto. Salêbêtipun lumampah, sopir sampun anggagas, bandaranipun tamtu anawung sabab ingkang sakalangkung wigatos, saha ing manah lajêng botên sakeca, dene botên sakecaning rencang, namung kuwatos manawi dipun kèndêli saking padamêlan, awit saupami pados pangengeran, môngsa sagêda angsal bandara ingkang kados Tuwan Hènri. Dene kaladuking panggagasipun, sarèhning bandaranipun mêntas saking panggenaning dhoktêr, tamtu angsal pêthèk botên sae mênggah ingatasing sêsakit. Botên dangu lampahing oto sampun mandhêg wontên sangajênging griyanipun Tuwan Hènri. Tuwan Hènri lajêng mandhap kalihan wicantên dhatêng sopir: Anaa ing kono bae.

Tuwan Hènri lajêng ngungêlakên bèl, botên dangu wontên rencang jalêr mêdal, panganggenipun brêgas, kados abdining priyantun luhur ingkang kulina lêlados wontên ing dalêm agêng. Tuwan Hènri nyawang sawatawis kalihan anggagas: kawibawanku ora beda kaya bôngsa luhur, diladèni ing batur kang brêgas kaya mangkono. Nanging ...

Tuwan Hènri lajêng wicantên: Yan, kônca-kancamu kabèh padha undangên mrene. Rikat.

Saking gitanipun pun Yan, anggènipun mungêl: Sandika, kalihan lumajêng, suwaranipun ngantos botên cêtha. Ing ngriku Tuwan Hènri kêpêksa mèsêm.

Botên dangu sadaya rencangipun sami dhatêng, pating dhêngkluk sami matrapakên urmat, ulatipun sami biyas, dening ajrih bilih tampi dêduka, malah polataning juru madharan èstri katingal sampun mèwèk-mèwèk, dhasar badanipun lêma ginuk-ginuk, saupami botêna wontên ngarsaning bandara, tamtu dados gêgujêngan.

Tuwan Hènri sasampunipun mapan lênggah lajêng ngêmpakakên sigarèt kalihan wicantên: Kowe batur-baturku kabèh. Nalika anggènipun wicantên sawêg dumugi ngriku, lajêng wicantên sora makatên: Sopir, apa kowe dudu baturku, dene isih ngêthêngkrêng linggih ana kono, kaya jendral, ayo mudhun mrene. Kowe batur-baturku kabèh, aku awèh wêruh mênyang kowe, wiwit dina iki aku arêp lungan, lawase sataun.

Nalika wicantênipun Tuwan Hènri sawêg dumugi samantên, suwaraning rencang lajêng umyung, juru madharan wicantên kalihan nangis: Adhuh lae, sapa kang bakal tak olah-olahake, sapa kang bakal tak ngèngèri. Sopir wicantên: Enggih, dhèk wau kula êmpun ngira, mêsthi bakal ontên kalakon kang botên bêcik, sasmitane êmpun ontên. Tukang kêbon: La prakawis sambutan kula kala taun baru kadospundi bandara.

Tuwan Hènri: Bok aja padha kaya ngono, genea. Anggonku caturan rak durung tutug. Kuwi sing marahi si sopir. Sajrone aku lêlungan, kowe kabèh tak sakarêp. Yèn kowe arêp padha lèrèn saka pagawean, sakarêpmu, aku nglairake bangêt panarimaku, dene aku sajrone koladèni rumasa sênêng, panyambutgawemu padha tumêmên.

Sopir: Awit saking panyuwun kula sakônca sadaya, sarèhning kèndêl kula sadaya punika ...

Tuwan Hènri: Wis mênêng, karêpmu rak: sarèhning lurah kang nglèrèni, kowe padha arêp anjaluk pasangon. Kowe iku mung arêp nuntuni mênyang kancamu, kang pancèn ora duwe pikiran mangkono. Lan manèh, kowe iku wong calak, gunêmku durung nganti tutug, wis kopapali. Apa kabèh têmênan, padha duwe karêp mangkono.

--- 212 ---

Juru madharan: Botên bandara, punika namung saking kajêngipun sopir.

Tuwan Hènri: Kabèh padha bênêr. Sopir anggone duwe uni mangkono iku saka rumêksa lan anyêgati yèn ana lêlakon kang bakal agawe kurang kapenak mênyang awake, sabanjure anggagahi duwe pangeman mênyang kônca-kancane. Dene bênêre kang padha ora duwe osik apa-apa, iku watake bisa ngluluhake atining bandara, dadi saupama ana bandara kang nêdya gawe pêpati, mêsthine luluhing atine mung bakal tega anibani ukum lara bae. Ing sabanjure rungokna. Dene yèn kowe isih padha trêsna mênyang aku, iya isih padha tak lêstarèkake pangawulamu, kowe lêstaria padha manggon ana kene, ing bab pêpancèning balanjamu, têtêp ora owah, sabên sasi kowe olèh balônja saka êbang.

Sopir: We, hla, iki rak jênêng wong diwaèl wutuh-wutuhan, banjur ing têmbe ditêtêpake manèh. Inggih sandika.

Koki: Nanging bandara, manawi ngèngêti anggèn kula lêlados sabên dintên, raosing manah kula lajêng ngongkang, tuwin tansah kèngêtan dhatêng sih kamirahan panjênêngan.

Sopir: Kuwi yèn wong wedok, anggone duwe watêk kaya ngono tansah rumakêt bae.

Tuwan Hènri: Kowe aja ngluputake mênyang watak katrêsnaning liyan, iku ora ana lupute. Lan yèn kowe wis padha sanggêm, wis, padha balia anglakoni pagaweanmu dhewe-dhewe, bab tataning pagawean aja ko owahi. Dene kowe Minah juru madharan. Sarèhning aku ora ana, kowe têtêp dadi wong nganggur, kowe tak sampiri pagawean rêrêsik ing sajroning wêwêngkon omah.

Rencang sadaya lajêng sami mundur, kantun Minah piyambak ingkang taksih wontên ing ngriku, ngantos dipun sapa bandaranipun: Ana apa Minah.

Juru madharan: Dintên punika olah-olahanipun miturugmiturut. gagrag Paris enggal, ingkang panjênêngan dèrèng nate dhahar.

Tuwan Hènri: Iya, iya, salawase olah-olahanmu tansah gawe cocoging rasaku, mêngko aku tak mangan. Sopir.

Sopir: Kula.

Tuwan Hènri: Otone arêp kogawa mênyang ngêndi.

Sopir: Nun badhe kula kandhangakên.

Tuwan Hènri: Mêngko dhisik, aku arêp lungan manèh. Sasampunipun makatên Tuwan Hènri lajêng minggah dhatêng oto tuwin dhawuh: Mênyang kantor bang Londhon.

Wiwit punika ulatipun Tuwan Hènri katingal bingar sawatawis, upami tiyang ambêbêkta awrat, araos sampun suda sawatawis. Lampahing oto bablas ngambah ing papan ingkang sakalangkung rame, botên dangu kèndêl wontên sangajênging griya agêng ingkang wêwangunanipun sakalangkung adi tuwin santosa, inggih punika bang Londhon.

Sakèndêling oto wontên juru jagi mapag angêngakakên lawanging oto saha lajêng adhêngklukakên badan, tôndha sakalangkung urmat. Tuwan Hènri mandhap saking oto, katingal sangêt bilih piyambakipun punika wontênipun ing ngriku dipun urmati sangêt.

Untaping tiyang ing êbang ngriku pating sriwêt, mlêbêt mêdal, nandhakakên manawi agêng. Sabawaning artaning pating krompyang, tuwin pating kakêncring saking dipun thinthingi. Kawontênan ingkang kados makatên punika araos damêl sêngsêmipun tiyang sugih.

Lampahipun Tuwan Hènri lajêng kemawon, kêrêp kêpêthuk tiyang ingkang suka urmat, nandhakakên bilih Tuwan Hènri punika sugih pasrawungan. Wusana lampahipun Tuwan Hènri dumugi ing kamar tamu, cariyos badhe pinanggih kalihan pangagênging bang. Botên dangu pangagênging bang mêdal, tangkêpipun rumakêt saha lajêng nganthi Tuwan Hènri dipun ajak malêbêt tuwin wicantên makatên: Têka panjênêngan rawuh mriki piyambak, badhe kagungan karsa punapa.

Sasampunipun mapan lênggah, Tuwan Hènri wicantên: Dhatêng kula mriki, kula badhe prasabên dhatêng panjênêngan, kula badhe kesahan, laminipun sataun. Ing salêbêtipun sataun wau, arta kula ingkang wontên ing ngriki supados mandhêg, kula botên badhe mêndhêt.

Pangagêng bang: Panjênêngan punika kula anggêp ingkang dados nyawanipun bang ing ngriki, sakaparêng panjênêngan badhe kula dhèrèk. Inggih sanadyan panjênêngan wontêna ing nagari pundi kemawon, samôngsa kaparêng badhe ngagêm arta, namung kantun mundhut kemawon. Panjênêngan badhe tindak dhatêng pundi.

Sanalika ngriku Tuwan Hènri mèh kêprojol badhe cariyos punapa lugunipun, nanging lajêng raos botên sakeca. Wangsulanipun: Inggih namung prêlu badhe ngasokakên badan, tuwin ing bab arta wau wontên ing pundi kula badhe botên mêndhêt.

Pangagêng bang: Ngasokakên sarira punika prêlu, amargi tiyang nyambutdamêl awrat tuwin tansah ulah pikiran kados panjênêngan punika manawi botên kagêm ngaso, sagêd anggampilakên thukuling sêsakit, dene jampinipun botên wontên sanès, kajawi nyakecakakên sarira, sagêd dhahar eca, sare eca, panggalih kagêm sênêng-sênêng. Dene bab botên badhe ngagêm arta, kula sampun pitados, panjênêngan tamtu sampun botên kêkirangan.

Tuwan Hènri nalika mirêng ginêm kados makatên wau mripatipun ngantos malêlêng mandêng dhatêng pangagêng bang, awit ing manah kêraos kados dipun sêmoni, dene ginêmipun sadaya wau têka angosokwangsul balêjêt kalihan kajêngipun. Ing sakawit ngantos mèh botên kuwawi ngampêt raosing manah, kêdah badhe mangsuli kemawon, nanging ugi lajêng èngêt saha samar bilih kêwiyak wêwadosipun. Tuwin ing ngriku lajêng nyut, kèngêtan dhatêng wicantênipun dhoktêr anggèning ngina dhatêng piyambakipun. Wusana lajêng mangsuli: Kula namung mêling, tumrap kabêtahan kula ing griya, supados dipun cêkapi dening bang, pratelanipun punika. Badhe kasambêtan.

--- 21 ---

Nomêr 6, taun V

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu.

Trêsna ing Sato Kewan

[Gambuh]

gambuhe mring pra manus / sanadyan ta amung wujud wêdhus / nanging uga padha bisa nênitèni / katrêsnan kang wus lumuntur / cinathêt sajroning batos //

malah yèn manungsèku / akèh bae ingkang duwe laku / kalakuwan kang datan idhêp ing bêcik / tinulungan nora wêruh / malah sangsaya angadoh //

yèn pinuju kapangguh / kaya dene durung tau wanuh / banjur isin ethok-ethok datan uning / nora gêlêm aruh-aruh / iku yèn watake uwong //

satêmah dadi catur / tan rinungu nadyan kongsi galur / kabêcikan rak wis klakon duk ing nguni / saiki sapa sing wêruh / nulungi wis lumrahe wong //

yèn awake kang tulung /banjur dicritakke turut lurung / rumasa yèn uwis dadi wong kang bêcik / ambêk darma watakipun / iya iku kang aran wong //

mulane ana têmbung / lamun sira bisaa têtulung / prayogane cathêtana anèng siti / yèn sira ingkang tinulung / cathêtên sajroning batos //

karêpe wulang mau / yèn sirèki ambêciki iku / aja banjur mung tansah ko eling-eling / nging yèn dibêciki kudu / amung tansah eling mawon //

gambare wêdhus iku / ora ngêmungake yèn pinuju / sinung sukêt môngka pakanane sami / nadyan katon yèn mung suwung / nanging mêksa gêlêm nglendhot //

salawase mituhu / yèn pancèn le nrêsnani satuhu / dadi tôndha yèn ta gêlêm malês bêcik / nanging yèn ketok nakalmu / kewane ya êmoh amor //

Rr. Siswati, Bênêr, Purwarêja.

--- 22 ---

Sawangan kang Nyênêngake

Ing mangsane ana karamean, akèh bocah-bocah kang padha têka ana ing panggonaning rame-rame. Saya yèn nganggo tontonan, mêsthi padha mrêlokake nonton mrono.

[Grafik]

Tumrap bocah ing kutha, prakara karamean iku kêrêp wêruh, kaya ta yèn nuju ana pasar malêm, wong duwe gawe lan liya-liyane. Ing mangsane ana tontonan mau lumrahe kang ngramèkake bocah, saya yèn ana wayang lulang, kumrêcêking bocah nganti mêgah-mêgahake, dipenging ora mrêduli.

Padha-padha karamean, kang tinêmu rame dhewe ora kaya yèn nuju ana arak-arakan ana ing kutha-kutha, ing dalan gêdhe nganti kêbak uwong, bocah-bocah padha pating jlêrit. Ing mêngko yèn arak-arakane liwat, wong-wong padha ngêbyuk milu anggarubyug.

Kang kacêtha ing gambar iku karamean ing tanah Amerikah, sawijining nagara kang misuwur gêdhe bangêt, ing dalan dipasangi buntal-buntal kang luwih asri. Dene kang marahi luwih asri, ing kalane karamean mau ana udan salju, iya iku ès lêmbut, tibane salju mau yèn ana gêgodhongan, banjur katon putih mêmplak, kang tiba ing lêmah ketok putih nganti ambêlêrêngi.

Sawangan kang kaya ngono mau mêsthi nyênêngake.

--- 23 ---

Kambang Kasangsaran.

Bocah-bocah kang durung wêruh kapal gêdhe, mêsthine durung ngrêti kang diarani kambang kasangsaran. Mungguh cêthane: kambang kasangsaran iku rupa barang wangun bundêr kayadene gêlangan, kang digawe karèt. Iku samôngsa ing kapal ana bêbaya, barang mau banjur dilêboni awak, yèn nyêmplung ing banyu bisa kêmambang, kampul-kampul ana satêngahing sagara.

Nanging wong kang kambang-kambang kaya ngono mau dudu bangsane wong sênêng-sênêng, jênênge bae kasangsaran. Ing sajrone kambang-kambang mau isih akèh bêbayane, kaya ta yèn disarap ing iwak gêdhe. Iya lagi oraa ana apa-apa bae, yèn kêsuwèn anggone kambang-kambang iya bakal kadhêmên utawa kalirên.

Mêsthine bab piranti kang kaya ngono mau tumrape para ahli yêyasan tansah dipikir sampurnane, awit ingatasing wong kasangsaran kang kaya ngono mau jênêng nyamari. Wusana kalakon, ing saiki wis ana kambang kang gêdhe pitulungane, wujude kaya kang kacêtha ing gambar.

Mungguh patrap panganggone, samôngsa ana kasangsaran, kambang mau kêna dicêmplungi uwong, ing jêro kayadene kamar, kêna kanggo turon barang, sangu pangan iya bisa, nganti cukup sawatara dina. Lan manèh ing kambang mau ana jandhelane, kêna dibukak saka jêro, dadi bisa olèh angin. Upama oraa jênêng kasangsaran, manggon ing panggonan kang kaya ngono mau mêsthi sênêng. Saya manèh tumraping bocah, mêsthi krasan manggon ing kono mau, dianggêp kayadene bungah-bungah ana ing sagara.

Lumrahe bocah cilik, iku prakara dolan ing banyu, adhakan dadi kasênêngane, sok nganti tinggal duga-duga.

[Grafik]

Mirid kaananing gambar iki, cêtha yèn banyu iku ênggon bêbaya, dadi ora mung lugu piranti kanggo sênêng-sênêng thok.

Mungguh bêbaya ing banyu, iku ora kurang tuladhane, kaya ta ing bab bocah mati kalap, iku mung jalarane mung saka ora ngira, bocah adus ing kali banjur anggêbyur, ora wêruh jêro cèthèking banyu. Iya lagi bisa nglangi pisan, yèn banyune santêr iya mêdèni.

Dadi têgêse cêtha, banyu iku dudu panggonan kasênêngan kang têmênan.

--- 24 ---

Tata Caraning Mangan

wong mangan kudu kang tata / saya manèh yèn cara Lônda / yèn kêleru sendhobsendhok. nèng kiwa / nandhakake durung kulina //

gone mangan dhisike alon / suwe-suwe rada kêsêron / rikat sasat kaya wong buron / ora ngrêti dadi gêguyon //

[Grafik]

kaya sinyo kang ana gambar / pamangane lagi diajar / kênthang ongklok sosise nglekar / srêbèt putih dianggo lambar //

akèh bocah padha ngrasani / dene ora angati-ati / yèn kêpatuh mangkono kuwi / tinêmune ngisin-isini //

nanging rèhning jênênge bocah / durung pati wêruh ing prênah / saka sêlak kêsusu mamah / sarwa cakut lan tanpa wêgah //

ana uwong nyêla calathu / ya bèn iku lagi sinau / ora beda kaya awakmu / biyèn iya sok digêguyu //

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]