Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-04, #1805

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1935, #1805
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-01, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1483.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-02, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1484.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-03, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1485.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-04, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1486.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-05, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1487.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-06, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1488.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-07, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1489.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-08, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1490.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-09, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1491.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-10, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1492.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-11, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1493.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-12, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1494.

Ôngka 26 Rê Pa, 28 Bêsar Wawu 1865, 3 April 1935, Taun X

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [405] ---

Ôngka 26 Rê Pa, 28 Bêsar Wawu 1865, 3 April 1935, Taun X

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Jurungarang - Administrasi Bale Pustaka ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Lèpèn Citarum - Kuwih Timun - Bab Tanêman Arèn lan Kawontênan ing Ngabêsi - Bab Panjaginipun Kasarasan Wontên ing Kampung - Bab Kabêtahaning Biyung tuwin Calon Biyung - Kabar Warni-warni - Wêwaosan.

Lèpèn Citarum

[Grafik]

Krêtêg ing lèpèn Citarum sacêlakipun Padhalarang, Bandhung.

--- 406 ---

Jagading Wanita

Kuwih Timun

Kuwih timun punika têtêdhan ingkang pandamêlipun sarana gampil katindakakên, têgêsipun botên kagolong têtêdhan ingkang èdi-pèni. Manawi damêl kuwih timun wau makatên: kêtela rambat dipun oncèki kakumbah rêsik lajêng dipun êdang, manawi sampun matêng tumuntên kajojoh wontên tumbu utawi tenggok. Supados rêsik utawi botên kêlèt kaliyan tumbu kêdah dipun lambari godhong pisang rumiyin. Pratikêlipun kados sacaranipun tiyang anjadah. Yèn panjojohipun sampun ragi lêmbat dipun dèkèki panili sakêdhik supados sagêd arum tuwin gêndhis pasir, kajojoh malih ingkang ngantos lêmbat sarta wradin gêndhisipun. Sasampunipun lêmbat lajêng dipun galintiri sami pisang gorèng agêngipun, manawi sampun dados galintiran sadaya lajêng gêntos ngrakit jêladrènipun prêlu kangge mêdhaki glintiran wau manawi badhe kagorèng. Pandamêlipun jêladrèn wau makatên:

Glêpung gandum sacêkapipun dipun toyani santên dipun angkah sampun ngantos kêcuwèrên, prayogi ingkang cêkapan kacolok gêndhis pasir sarta sarêm sakêdhik lajêng kaublak ingkang ngantos waradin. Manawi sampun dados galintiran wau kacêlupakên ing jladrèn satunggal-satunggal sampun ngantos ajur, lajêng kagorèng ing wajan mawi lisah klêntik, makatên salajêngipun, manawi sampun matêng nama kuwih timun.

Mênggah anggènipun kuwih kados makatên dipun wastani kuwih timun punika, saking pangintên kula piyambak, bokmanawi namung kapiridakên saking wujuding wêwangunanipun, jalaran anggènipun anggalintiri wangunipun mèmpêr timun namung kaot alit-alit.

Jênang Manggis.

Limrahipun manggis punika namung katêdha manawi matêng

--- 407 ---

inggih punika kangge lêgi-lêgi, utawi katêdha yèn taksih mêntah, ingkang dipun wastani blibar, malah langkung eca yèn katêdha blibar tinimbang manawi sampun matêng. Wontên malih rekadaya ingkang sarana jênang, saèstunipun awis ingkang mangrêtos pangolahipun dene pangolahipun jênang manggis wau makatên:

Manggis ingkang sampun matêng cacah 15 iji, dipun oncèki kawadhahan ing manci, glêpung uwos 2 cangkir, lajêng dipun ulèni, manggis sagêda ajur dados satunggal kaliyan galêpung, punika namanipun jêladrèn, isi botên susah kabucal, jalaran raosipun malah eca kênyil-kênyil. Santên kalapa garing satunggal, langkung malah prayogi, kapêndhêt kênthêlanipun, santên ingkang cuwèr botên kangge, dipun dèkèki gêndhis pasir sacêkapipun kintên-kintên satêngah katos nuntên kagodhog ing kwali. Latu kêdah ajêg sampun ngantos kagêngên jalaran asring sangêt nama kêbrangas, santên têrus kakêbur supados gêndhis sagêda enggal ajur. Manawi sampun badhe kênthêl jladrèn lajêng kaêsokakên têrus kaudhak kaubêngakên, urubing latu kêdah ajêg ingkang cêkapan botên kenging agêng alit, saya dangu saya katingal nglisah, manawi sampun sawatawis dangu dipun udhak kajunjung minggah, jênang krakêt minggah, punika kenging kangge titikan bilih jênang wau sampun matêng, kenging lajêng kaêntas.

Mevr. Citramartaya, Cindherêja.

Bab Tanêman

Bab Tanêman Arèn.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 25.

Patrapipun pandamêling pathi wit arèn (pathi onggok) mawi-mawi agêng alit panjang cêlaking wit, sauwit rêgi 50 sèn dumugi f 1,25. Sasampuning wit katêgor lajêng dipun kalothoki jawinipun (angkup-angkup utawi balungkangipun) katêngkêl-têngkêl, sagêd dados 3 têngkêl ngantos 8 têngkêl, panjanging têngkêlan watawis 1¼ m. Pambêktanipun saking panggenan dumugi ing griya, manawi têbih kêlimrah dipun surung sarana mawi dêling kalih iji, panjangipun watawis 2¼ m, agêngipun watawis salêngên alit. Kalih-kalihipun ing bongkot kabolong kadhawahakên êros, minôngka bolonganing pantèk, ingkang kadamêl inggih ruyungipun wau, kapantèkakên kiwa têngêning têngkêlan, kadamêl anggalindhing sapantèkipun. Utawi kagèrèt ngangge dhadhung kemawon.

Sadhatênging griya tiyang jalêr namung kabêbahan nyigari thok mawi paju. Pamêndhêting atinipun mawi pêthèl satêrusipun ngantos dados pathi, kagarap dening têtiyang èstri kemawon. Sasampuning têlas atinipun, klothokan wau lajêng katumpuk, [katu...]

--- 408 ---

[...mpuk,] kenging kangge kajêng utawi dandosan warni-warni. Klothokan têngkêlan wau manawi witipun agêng ngantos dados 5 utawi 6 lining. Sadasa lining pajêng 8 utawi 10 sèn.

Ati wau lajêng dipun dhêplok sêsarêngan ing lêsung ngantos lêmbat, sêrating wit ngantos dados kawul, lajêng kadèkèk ing pangaron ingkang isi toya bêning, katumpangan montên pêthak ingkang awis, minôngka saringanipun, kawul kacêmplungakên ing saringan wau, kawênyêt-wênyêt kados caraning adamêl santên. Sasampuning apuh, kawul kasingkirakên, toya galêpung (toya pathi) ing pangaron wau lajêng kaênêbakên, yèn prêlu ingkang nginggil (toya pathi ingkang sêmu abrit) kasingkirakên ing wadhah sanès, prêlunipun pathi ingkang pêthak sagêd mêmplak, yèn botên makatên nyudakakên rêgi, pramila kasade warni kalih abrit lan pêthak. Uwit satêngkêl ingkang sae sagêd mêdal pathinipun 70 êmplèng, utawi 30 katos, rêgi f 0.70 dumugi f 1.05, dados sauwit ingkang rêgi f 1.25 dados pathi 30 katos x 8 = 240 katos, rêgi f 1.05 x 8 = f 8.40. Kajêngipun liningan 6 iji x 8 = 48 iji = 1 sèn x 48 = 48 sèn. Dados ing dalêm sauwit, tukang pathi angsal-angsalanipun rêgêd, saking pathi: f 8.40 saking kajêng: f 0.48 gunggung f 8.88. Kangge bêrahaning pandamêling pathi kaetang rêsik, têlas sapalihing bathi.

Pêpajêngan f 8.83 kasuda rêgining wit f 1.25 = f 7.63. Wragad pandamêling pathi sapalihipun f 7.63, dados tukang pathi nampi bathèn rêsik, f 3.815. Tiyang bêrah mathi punika kêlimrah sadintên dipun têdhani ping kalih sagantènipun pisan. Pathi arèn punika limrahipun namung kangge cendhol, kasade jênang (oyog-oyog) sawatawis wontên bangsaning kuwih-kuwih ingkang kauworan pathi arèn lan sanès-sanèsipun. Namung punika mênggah sêsêrêpan kula dhatêng bab arèn, mugi para maos sampun kirang ing pamêngku.

K.3589, Palang.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 2837 ing Tanjungkarang. f 1.50 sampun katampi.

Lêngganan nomêr 68 ing Carangan. Bat. Gen.schap punika namung nyambuti dhatêng para warganipun, nanging ugi sade buku. Ewadene amurih gamblangipun, panjênêngan sagêd prasabên piyambak.

Kajawi punika administrasi ngaturi uninga dhatêng sanggyaning para priyantun lêngganan, bilih Kajawèn nomêr 9 dumugi 11 sampun têlas. Para ingkang botên kêduman nomêr wau, mugi sampun cuwa ing galih.

Lêngganan nomêr 3467 ing Malang. f 1.50 sampun katampi.

Pawartos saking Rêdhaksi

Lêngganan nomêr 3111. a, b, nitik wontênipun kursus piyambak-piyambak, kintên-kintên botên sagêd mantri pêrplègêr nyuwun dados mantri cacar. Ewadene kenging kacobi. Rêkès dhatêng insêpèktur D.V.G. ing Jawi Wetan (Surabaya). C, d, sintên kemawon kenging dados sakwarnèmêr (pokrul) sarta tanpa mawi idi saking nagari.

Lêngganan nomêr 156 ing Ngayogya. I Kajawèn botên ngawontênakên pituwas babagan karangan, Kajawèn ingkang ngêwrat karangan, kakintunan. Botên sagêd nêtêpakên dados pambantu, prayogi nglajêngakên ngarang rumiyin. II Kintun potrètipun kemawon, gambar corèk cêkap prayogi ngangge bak. III Gambar botên kapacak, amargi botên cêtha.

Lêngganan nomêr 5704 ing Siak. Botên wontên pratelaning rêginipun.

--- 409 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Ngabêsi

Pasulayanipun Ngabêsi kalihan Itali ing ngajêng katingal prêmpêngipun badhe yêktosan, nanging lajêng rêp, kadosdene sampun botên wontên punapa-punapa.

[Grafik]

Wadyabala Ngabêsi nuju wontên ing Addis Abeba.

Kawontênan ingkang kados makatên punika pancèn dados pangajêng-ajênging ngakathah, ing jagad pinanggiha tata lan têntrêm. Nanging mênggah nyatanipun, lêlampahan ingkang sampun kalajêng thukul, punika gampil anggènipun manggih dhadhakan malih. Manawi gumêlaring kawontênan, sêsulakipun, Itali saya nyantosakakên dhatêng kawontênaning wadya, saha manawi mirid wontênipun wadyabala ingkang dipun angkatakên dhatêng Aprikah, punika botên mèmpêr saupami Itali botêna gadhah sêdya punapa-punapa, awit anggèning ngangkatakên wadyabala wau mawi tatanan ingkang kadosdene ngêgèt. Nanging sarèhning Ngabêsi punika sampun dados warganing Polkênbon, punapa kawontênan ingkang pinanggih saha ingkang gêgayutan babagan pasulayan, inggih lajêng gita-gita supados pasulayan wau dipun rêmbag.

Salugunipun tumrap Itali, sagêdipun anggadhahi panguwaos wontên ing Aprikah wetan, jalaran saking kamirahanipun Prancis, ing salajêngipun, Itali sagêd kobèt anggèning tumindak ing damêl wontên ing laladan ngriku.

Ing bab garêjêg wau sanadyan katingalipun sampun têntrêm, nanging ugi taksih wontên kemawon sabab [saba...]

--- 410 ---

[...b] ingkang tuwuh wontên ing watês jajahan Itali kalihan Ngabêsi, miturut pawartos, golongan Ngabêsi ingkang pinanggih tansah minihi prakawis, mila Itali inggih tansah nindakakên panyêrêg.

[Grafik]

Harbert Julian têtindhihing wadya anggêgana ing Ngabêsi.

Tumraping têtandhingan, sayêktosipun Ngabêsi punika kenging dipun wastani dèrèdèrèng. timbang, inggih lêrês wadyabalanipun sampun botên beda kalihan wadya Itali, sami adêdamêl tuwin tampi pangajaran kados prajurit sayêktos, malah tumraping Ngabêsi tiyangipun langkung kiyat-kiyat, wah ngrumaosi manggèn ing pasitènipun piyambak, tamtu badhe langkung kulina tinimbang mêngsah ingkang dhatêng ing ngriku. Nanging mênggahing pêpaking dêdamêl, Ngabêsi kapara kontit, awit Itali gadhah wadya anggêgana punapa, ingkang sagêd nanggulangi kasantosaning mêngsah ingkang manggèn ing papan ingkang sungil-sungil.

Malah ing sapunika parentah Itali dhawuh ngenggalakên pandamêling motor mabur tuwin ngagêngakên wadya anggêgana, nanging ing bab punika katingalipun wontên ing kawigatosan, prêlu kangge nututi ajênging dêdamêl Inggris tuwin Jêrman. Miturut katrangan, ing sapunika sampun miwiti damêl motor mabur kangge ambucal bom, ingkang sagêd ngêwrat dhinamit 3000 kilogram dhatêng gêgana, sagêd kalangan ing gêgana ngantos 1242 mil, inggahipun sagêd ngantos 7500 mètêr. Salajêngipun benjing taun 1936 badhe damêl motor mabur kangge ambucal bom ingkang sakalangkung mitadosi. Sanadyan dêdamêl wau nama namung kangge jagi-jagi, nanging [na...]

--- 411 ---

[...nging] tumrap nagari ingkang mêmêngsahan, inggih ngraos kasamaran.

Ing bab dêdamêl, tumrap Ngabêsi, kawonipun sangêt inggih ing bab motor mabur wau, awit pancèn dèrèng gadhah, nanging ugi sampun wontên bôngsa Ngabêsi ingkang sampun sagêd dados têtindhihing wadya anggêgana, nama Kolonèl Harbert Julian, sapunika taksih wontên ing New York, Amerikah, saha sampun gadhah sêdya badhe pados motor mabur kangge wadya anggêgana Ngabêsi.

Ing mangke wontên pawartos malih bilih Itali saya nyantosakakên wadyabala ingkang kagolong wadyabala enggal. Para wadyabala wau botên sagêd suda anggènipun tumindak ing wajib. Sabên tiyang kêdah angsal pangajaran militèr kabangsan Itali. Margi-margi parêdèn ingkang kala jaman rumiyin kangge margining mêngsah ingkang malêbêt dhatêng Itali, dipun jagi kanthi kasantosan yêktos. Ing salêbêtipun môngsa bêntèr punika Itali badhe sagêd ngawontênakên wadyabala 600.000, kanthi angsal pangajaran militèr tuwin dêdamêl jangkêp. Kajawi punika taksih wontên sadhiyan malih 300.000. Salajêngipun lajêng nglêmpakakên para upsir supados sami gladhèn pêrang malih. Miturut pawartos, wadyabala Itali punika sadaya wontên 7.938.000, kajawi punika nêtêpakên, sabên tiyang jalêr umur 21 dumugi 55 sagêd katarik dados wadyabala kangge sadhiyan pêrang. Malah miturut pawartos saking Itali, para anak bojoning upsir supados sami kesah saking jajahan Erythrea tuwin Somali ing Aprikah.

Ing bab punika parentah Ethiopie ugi raos animbangi nêtêpakên wudharing sawarnining rêmbag kalihan Itali.

Mênggah pamanahanipun Ngabêsi, kados ing bab pasulayanipun kalihan Itali, punika sampun botên sagêd rukun rêrêmbagan piyambak, mila gadhah panêdha dhatêng juru pamisah supados sagêd ngrukunakên. Nanging ing sêmu Itali adrêng, botên badhe mituruti manawi botên kêpêksa.

Wangsulan saking Redhaksi.

Lêngganan nomêr 1735. 1 Punggawa nagari ingkang dipun kèndêli sabab saking on gêslik, sagêd pikantuk wahgèl, lami-laminipun sataun, kathahipun 1/3 blônja, kabundêrakên manginggil dados rupiyah, nanging botên kenging langkung saking f 500.- sawulanipun.

2. Punggawa nagari dipun kèndêli kanthi urmat, sabab saking on gêslik. Dhinêsipun gunggung 23 taun, wontên ing schaal A 8 taun, schaal B 15 taun, wiwitipun nyambut damêl sawêg umur 16 taun. Têmtunipun punggawa wau sagêd pikantuk pènsiun alit, dene pangetangipun prayogi kapasrahakên dhatêng Financien kemawon, awit kêdah mêndhêt wêwaton warni-warni.

3. Punggawa nagari ingkang wahgèl sabab sakit, sasampunipun saras lajêng botên kabênum malih, awit dèrèng wontên padamêlan, punika punggawa wau lajêng kaparingan wahgèl (agêng), laminipun 5 taun. Inggih punika ingkang 2 taun 50% ingkang 3 taun 40%, kathah-kathahipun botên kenging langkung saking f 750.- sawulan.

4. Bab pangetanging pènsiun miturut B.B.L. punapa H.B.B.L. sanès dintên badhe katêrangakên.

Lêngganan nomêr 1873. 1. Têmbung têka kalihan ko punika kalih-kalihipun ing pakêcapan mungêl, kok, malah ko asring mungêl, tok.

Dikandhani têka (kok) ora angrungokake.

Bok iya ko (kok) balèkake.

Sêga têka (kok)ko(tok) awut-awut ta, le.

2. Osvia ing Magêlang botên dipun suwak, namung namanipun ingkang dipun ewahi dados Mosvia.

3. Môngsa marèng punika kintên-kintên dhawah wulan Marêt, môngsa kasanga kasadasa. 4. Namanipun Electriseer machines (mêsin pijêt) rumiyin ingkang sade Kamar Obat J. van Gorkom & Co. Ngayogyakarta.

--- 412 ---

Bab Kasarasan

Bab Panjaginipun Kasarasan Wontên ing Kampung.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 24.

Dados sampun têtela manawi hawa punika prêlu piyambak tumraping ngagêsang, langkung prêlu tinimbang têdha utawi toya, amargi tanpa toya utawi tanpa têdha tiyang punika taksih sagêd gêsang ngantos dintênan, nanging manawi tanpa hawa namung mênitan sampun pêjah. Namung katingalipun tiyang punika botên ambêtahakên sangêt dhatêng hawa wau, amargi angsalipun hawa punika prasasat tanpa kangelan, ing pundi-pundi sajagad wontên utawi kêbak hawa.

[Grafik]

Wit-witan ingkang sami rungkat katrajang ing prahara.

Kadospundi sumêrêpipun wontên hawa.

Hawa punika sumrawang tanpa warni, dados botên kenging tiningalan, nanging hawa punika sagêd ebah, inggih punika ingkang dipun wastani angin. Angin ingkang bantêr sagêd ambikak utawi nutup lawang piyambak, trêkadhang sagêd ngangkat griya utawi ngrungkatakên wit-witan, punika inggih yèn wontên angin lesus utawi prahara, makatên punika tiyang sagêd sumêrêp utawi ngraosakên dayanipun ingkang dipun wastani hawa wau.

Bumi punika kinêpang ing hawa ngantos kintên-kintên 100 km. kandêl utawi inggilipun, saya inggil hawa punika saya tipis, dados hawa punika ing nginggil langkung tipis tinimbang ing ngandhap.

Hawa punika denedede. dat satunggal nanging kadadosan saking bangsaning gas warni-warni, dene ingkang kathah piyambak inggih punika stikstof, kathahipun mèh 4 bagian, ingkang sabagian zuurstof, inggih zuurstof punika ingkang prêlu sangêt tumrap tiyang.

Mênggah watakipun zuurstof punika botên sagêd mêmpan kabêsmi, nanging sagêd ngagêngakên urubing latu.

Manawi botên wontên zuurstof latu punika botên sagêd murub utawi mêngangah. Sanajan zuurstof wau migunani sangêt tumrap dhatêng tiyang, nanging manawi mligi zuurstof kemawon botên mawi campuran punapa-punapa, aniwasi, upamia racun makatên kêkêrasên. Dene ingkang nyuda kakêrasanipun zuurstof inggih stikstof wau.

Stikstof punika watêkipun beda kalihan zuurstof, stikstof punika botên suka panggêsangan dhatêng manungsa sarta botên ngindhakakên urubing latu, dilah murub manawi kadèkèkakên salêbêting stikstof

--- 413 ---

mêsthi pêjah, nanging latu kadèkèkakên salêbêting zuurstof malah mêngangah utawi saya agêng urubipun.

Kajawi zuurstof kalihan stikstof ing salêbêting hawa wontên malih gas sanèsipun inggih punika koolstof, punika kenging dipun wastani sarining arêng, koolstof wau wontênipun ing hawa sampun campuran kalihan zuurstof lajêng kasêbut koolzuur, rèhning koolzuur punika langkung awrat tinimbang peranganing hawa sanèsipun, dados panggenanipun inggih wontên ing ngandhap wontên ing sumur-sumur luwêng utawi ing guwa-guwa.

Koolzuur punika tumraping ngagêsang nama racun sagêd adamêl pêjah, nanging tumrap têtuwuhan paedah sangêt, dilah botên sagêd murub wontên salêbêting koolzuur.

Sok wontên lare utawi tiyang mlêbêt sumur utawi luwêng prêlu badhe mêndhêt barang utawi sanèsipun ingkang dhawah utawi kacêmplung ing ngriku, sumaput utawi pêjah botên sagêd mêntas utawi mêdal, lajêng dipun susuli tiyang sanès badhe têtulung, inggih lajêng pêjah, punika sababipun ing sumur utawi luwêng ing nglêbêt utawi ngandhap wontên koolzuur ingkang mêdal saking siti ing ngandhap utawi kiwa têngênipun sumur utawi luwêng wau, tiyang ing nglêbêt sumur ambêgan kalêbêtan koolzuur inggih babarpisan tiyang punika sagêd pêjah.

Wontên malih peranganing hawa inggih punika uwab (waterdamp) manawi dat-dat sakawan wau wontên sadaya, sarta têtimbanganipun sampun sae, punika hawanipun dipun wastani hawa rêsik, migunani tumrap kasarasan.

1. Miturut ing nginggil hawa punika sagêd botên rêsik, inggih punika ingkang sampun kangge ambêgan. Hawa ingkang sampun kangge ambêgan punika upamia toya, toya kumbahan, dados sampun ambêkta rêrêgêd. Mila sênthong ingkang wontên tiyangipun manggèn ing ngriku, môngka lawang lan jandhelanipun tansah dipun tutup, punika prasasat tiyang wau ngracun badanipun piyambak. Dados hawa ingkang rêgêd wau taksih kasêrot dening ambêgan lumêbêt ing kêbuk. Sanajana mung saperangan sagêd damêl ringkihing badan.

Hawa punika dumunungipun ing nglêbêt badan mêdal gurung, wontên salêbêting dhadha, lajêng mlêbêt ing paru sarta êpang-êpangan, dados garonggongan ingkang alit-alit sangêt lan tipis. Paru punika warninipun kados kêmbang karang (spons).

Ing paru ngriku ugi wontên garonggongan êrah alit-alit, ingkang maèwu-èwu kathahipun sarta tipis.

Dening tipisipun wau sami cêcêlakan zuurstof saking hawa katarik ing êrah, lan êrah sagêd ngêculakên rêrêgêd ingkang katampèn ing hawa, sarta lajêng kabêkta mêdal dening ambêgan. Erah ingkang taksih ambêkta rêrêgêd punika warninipun abrit sêpuh, dene manawi sampun angsal zuurstof lajêng dados abrit ambranang. Badhe kasambêtan.

R. Sumadirja Ind. Arts. Kudus.

--- 414 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Kabêtahaning Biyung tuwin Calon Biyung

VI.

Petruk: Wis tak banjurne katêranganaku ing ngarêp, bakyu utawa Kang Garèng, ôngka II wanita kudu bèbèt. Mungguh kang diarani bèbèt yaiku wanita darahing bôngsa sugih arta utawa rajabrana, tur kang isih tinunggu ing kabêgjan.

Garèng: Iya ana bêcike, iya ana alane, Truk dene bêcike, saora-orane yèn olèh bojo anake wong sugih kuwi, lêmarine iya ora prêlu dipêpaèsi nganggo bêndera sing aneka warna: abang, ijo, kuning, biru kae, aliyas ora prêlu sabên-sabên sowan pak gêdhe sing apik atine, anggêre anggawa barang sing ambêjaji bae, iya tlètèk, ngêwèhi dhuwit sanajan ing besuke anggone anjupuk bali barang mau, ora ngêmungake kudu ambalèkake babone thok bae, nanging ora kêna lali: anake, putune, canggah warènge nganti rèntèng-rèntèng…

Petruk: Lo, lo, lo, kok banjur anyaruwe pagadhean anggone nganaki dhuwit sasayahira, bonggan, dene gêlêm anggadhèkake mrono, kanane rak ora akon…

Garèng: iki padhane wong lara sing ngundang dhoktêr kae, banjur dipaido: bonggan kowe sêmang ngaturi doktêr, saikine dikon bayar pirang-pirang. Apa lara kuwi karêpe dhewe, lan salagine lara kuwi apa banjur muni: mas, lêlara, kono maria dhewe. Kuwi jênêngane rak banjur ngece karo Gusti Allah, awit manusa kuwi diwênangake ihtiyar. Hla, ihtiyare wong lara kuwi ora liya kajaba ngundang dhoktêr. Dene ing wusana kudu ambayar, kuwi iya lumrah, ta, awit sanajan dhoktêr iya kudu mangan sêga utawa kênthang bêstik. Nanging yèn si dhoktêr kuwi banjur narik rekêning sing ora murwat, kuwi sing lara ora jênêng: kudu ambayar, nanging dumugi… opèli, mêngkono uga wong anggadhèkake. Sapa sing gêlêm anggadhèkake barange. Anggone mêngkono kuwi rak kapêksa, mulane yèn banjur anakane diantêm jakob…

Petruk: Wis, wis, kok kêbanjur-banjur mêngkono. Saiki caritakna bae alane olèh bojo wanita trahing wong sugih.

Garèng: Lo, kuwi mangkene, Truk, aku wis tau ngalami ana juru tulis tur iya priyayi, olèh bojo anake wong sugih, lo, kuwi sing lanang wis ora bisa bêrgêrak babarpisan, iya wis wong lanang kêthuk kae, apa karêpe sing wadon bisane mung: i - ya - dawa kae, yèn arêp mangsuli sathithik bae, sing wadon iya banjur dawa rete-rete wangsulane: apa, apa, arep ngomong apa, hèh, kowe olèh aku kuwi gawanmu apa, rak iya [i...]

--- 415 ---

[...ya] mung ... gundhul.

Petruk: Wiyah, kowe kuwi ana bae, Kang Garèng, Kang Garèng. Karo manèh iya ora mangkono karêpe wanita trahing wong sugih arta utawa rajabrana kang isih tinunggu ing kabêgjan kuwi, nanging mangkene: wanita turuning wong sugih, kuwi têmtune duwe bêbudèn: gêmi, sêtiti, ngati-ati. Kajaba iku, bisa anyawabi anggampangake sadhengah apa kang dadi panggayuhe.

Garèng: Nanging kowe aja lali, Truk, teori karo praktik aliyas: pratikêl karo cak-cakane, kuwi sok kêrêp gèsèhe. Kaya ta: nalika isih ana ing ngomah teorine mangkene: mêngko yèn ana panggonan pesta ing dalême bêndara wêdana, aku ora arêp barang-barang, arêp mrêlokake nonton wayang thok bae nganti satutuge, nanging praktike, barêng ana ing pasamuwan kono, têka banjur sêmranthal balane diacungi… kucing karo kasud.kisud.

Biyang Nala: Pancèn iya wong karêm main. Nèk wong sing wis kêbanjur mêngkono kuwi, sanajan ana wara-wara (circulaire) nagara, kang anglarangi priyayine padha main, iya mêksa dilakoni dhêlikan ana ing sêpèn. Wis, dhi Petruk, ora prêlu ngopèni rêmbuge kakangmu. Saiki caritakna bae kang ôngka III yaiku: wanita kang kudu bibit.

Petruk: Yaiku wanita kang bêcik ing rupa tur sugih kabisan.

Garèng: Iki pancèn Dhêklomane bocah wadon [wa...]

--- 416 ---

[...don] ing jaman saiki. Anggêr rupane ayu mlosdrong-mlosdrong, apa manèh bisa: cas, cis, cus, cara Lônda iya gèncêng: olèh jodho bae. Sabab jamane saiki kiyi wis jamane mêrdika, bocah nonoman padha mêrdika golèk bojo dhewe-dhewe. Mulane anggêre wis cocog, sabab rupane: ayu, thik pintêr, bisa main tènis barang, ora prêlu dirêmbug liya-liyane, têrus diajak nyang mas pêngulu bae wong tuwa rêmbug utawa ora: Bolih pêrsetan samah dhiyah. Sing arêp ngêpèk bocah kuwi, dudu bapak, nanging aku.

Biyang Kamprèt: Manawi kula, mas Nala, kok botên sae, dhing, makatên punika. Awit tiyang ingkang ayu rupinipun punika rak inggih dèrèng kantênan manawi ayu tulus. Anggènipun tiyang sêpuh tumut-tumut angrêmbag punika rak sabab saking trêsnanipun dhatêng anak sampun ngantos anakipun kêtanggor. Amila langkung rumiyin ingkang dados tiyang sêpuh lajêng analiti ingkang nurunakên utawi watak-watakipun lare ingkang badhe dipun êpèk wau.

Petruk: Mula iya bênêr omongmu, bune. Karo manèh miturut piwulang kuna, wong wadon sing diarani ayu rupane lan sugih kapintêran, kuwi ora mung anggêre manise saparan-paran utawa duwe kapintêran sing rupa-rupa, nanging mungguh nyatane wanita kang ayu rupane kuwi, wanita kang lurus atine, bêcik kalakuane lan slamêt pikire. Dene sugih kapintêran kuwi karêpe sugih lêlabuhan utama kang murakabi marang sapêpadhane.

Biyang Nala: dhi Petruk, piwulang kuna sing wis kok obrolake sadawan-dawan kuwi pancèn iya bêcik, nanging iya tumrape ing jaman saiki, pantês upama banjur diarani: Onsin (omong-kosong), awit tumrape jaman saiki, ngêndi bangsane dhewe sing sugih. Bisane sugih bae kêpriye, wong le dipêksa urun mrena-mrene tanpa ana ngêdhote.pêdhote. Lha nèk sing sugih utang, kuwi pancèn iya pirang-pirang.

Garèng: Nanging sing motang-motangake, rak iya pirang-pirang, ta bune, kabare saiki priyayi sing padha motangake pancèn akèh, yaiku padha motangake anggone bakal dumugi…bêslah.

Biyang Nala: Dhi-yêm, nèk omong kuwi le mêsthi ora karu-karuwan, ayo, wis bali. Mau mênyanga ngomah bae, rak bisa main, pingpong barang.

Pawartos saking Rêdhaksi

Lêngganan nomêr 2118 ing Madiun. Dèrèng kaêcap.

Tuwan W.S. ing Madukara. Karangan punika sampun kasèp.

Lêngganan nomêr 3573 ing Kêndhal. Punika miturut karampungan rêmbag ing Sriwêdari.

Lêngganan nomêr 4320 ing Prambonan. Kajawèn botên badhe nêtêpakên bab makatên, kaangkah namung sêsakecanipun kemawon.

Lêngganan nomêr 5119 ing Kulonpraga. Eman, panjurung panjênêngan wau sampun kasèp.

Tuwan Sur, ing Malang. Bab punika sampun kêrêp kacariyosakên ing Kajawèn.

Lêngganan nomêr 3454 ing Madiun. 31 Agustus 1898 dhawah Rê Wa, Rabingulakir Ehe 1828 wuku Wukir. 31 Agustus 1913 dhawah, Ju Kli, 22 Sapar Alip 1843 Tolu.

Lêngganan nomêr 317 ing Pasuruan. Pitakenan botên cêtha. Botên sade buku kados ingkang panjênêngan karsakakên.

--- 417 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKI.

R.M. Notosoeroto. Awit dhawuh dalêm Sri Bagendha Maha Raja Putri, R.M. Notosoeroto kaparêng mangangge panganggening 1e Luitenant Cavalerie wadyabala Nederland, minangka ganjaran lêlabêtanipun ing nalika wontên nagari Walandi ing taun 1912 dumugi taun 1925 kala dados reserve officier 3e. Regiment huzaren abrit.

[Grafik]

Wanito Sêdyo Mulyo, ing Ngayogya. Inginggil punika gambaripun para warga lan pangrèhipun pakêmpalan Wanito Sêdyo Mulyo (W.S.M.) ing Ngayogya, wêkdal ngawontênakên karamean sawatawis, mèngêti adêgipun jangkêp 4 taun, dipun tuntun dening Nyonyah Moh. Thohir, ingkang lênggah ing têngah-têngah, ngajêng piyambak.

Manah burus. Kala tg. 25 Maart 1935 ing Salatiga wontên lare kalih nama Marya tuwin Suliman, murid ing pamulangan angka II no. 1 lan 3 ing Salatiga, sami manggih arta kêrtas f 10 salêmbar ing wadhah larahan ing Pacinan, kalêrês lare-lare wau sami ngupados karèt. Arta f 10 wau botên lajêng kangge jajan utawi têtumbas punapa-punapa, nanging kasukakakên dhatêng gurunipun, supados pun guru nglapurna bab punika dhatêng pulisi. Arta lajêng enggal-enggal kaaturakên dhatêng kawêdanan, nanging sapriki dèrèng wontên kabar, sintên ingkang kecalan arta wau. Samantên rêsikipun lare wau, mangka pun Marya anggènipun nicil bayaranipun sêkolah dèrèng sah, taksih kirang 5 sèn. Punapa bab punika botên prêlu pinèngêtan. S.H.

Gilingan pantun P.P.S. Ing Salatiga wontên bikakan panggilingan pantun gadhahanipun "Pênolong Pangangguran Salatiga", manggèn wontên ing tilas pamulangan dhusun. Padamêlan wau pêrlu kangge mitulungi golongan angguran tuwin tiyang kêmlaratan. Pakêmpalan wau sanadyan alit, lumayan sagêd suka pitulungan dhatêng para angguran sawatawis.

Nyalingkuhakên arta. Wontên pawartos, ingkang dados pangajênging pagantosan ing Gondomanan, Ngayogya nyalingkuhakên arta kirang langkung f 8000.-. Ingkang gadhah tindak salingkuh wau lajêng pasrah dhatêng pulisi.

Papan anggêgana enggal. Miturut pawartos, papan anggêgana ing Cêpu tuwin Surabaya ugi badhe kabikak kangge papan anggêgana civiel. Dene sapunika badhe bikak papan anggêgana enggal ing Kêdungpring, têbihipun saking Babad wontên 10 km. papanipun sakalangkung jêmbar. Sarèhning papan anggêgana piyambakipun wontên satêngahing dhusun, pangrèh praja ing Lamongan dipun têdhani biyantu.

Ringgit Bali ing Jaarbeurs Bandung. Wontên pawartos, benjing ing Jaarbeurs Bandung ngajêng punika badhe andhatêngakên ringgit Bali saking Gianyar, kados sampun ingkang nate kapitongtonakên ing Koloniale Tentoonstelling ing Parijs. Nanging tumindakipun mawi prajanjian miturut panêdhanipun saking golongan ingkang badhe nglampahi, upaminipun wragad lampah, arta têdha, sipêngan tuwin nêdha êmpingan f 500.-. Dèrèng wontên karampunganing rêmbag.

S.J.S. ngrikatakên lampah. S.J.S. badhe ngewahi lampahing tram saking Sêmarang dhatêng Rêmbang tuwin Sêmarang dhatêng Blora. Tram ingkang rumiyin lampahipun 30 km, dados 45 km. saêjam. Ewah-ewahan punika badhe tumindak wiwit wulan Mèi ngajêng. Ewah-ewahan wau badhe sagêd ngawontênakên tram dhatêng Rêmbang kaping 3 dhatêng Blora kaping 2, sami tram lampah rikat.

Sêrat kabar "Indonesia Berdjoeang". Wontên pawartos, golongan Partindo badhe ngêdalakên sêrat kabar nama "Indonesia Berdjoeang", kawêdalakên ing Surabaya. Ingkang nindakakên: Tuwan D. Arnowo, Pamuji tuwin Achmad Sumadi. Pambantunipun: Mr. Ali Sastroamijoyo, Dr. Samsi, Soleman Affendi, Sudiro, Mr. Muh. Yamin, Suwiryo, Mr. Sartono tuwin sanès-sanèsipun.

Ombyakipun para mudha ingkang pados padamêlan. Ingajêng sampun nate wontên pawartos, kantor pabeyan ing Bêtawi pados punggawa. Sarêng wontên pawartos bab punika, cacahipun ingkang gadhah panyuwunan wontên 100, sami wêdalan Mulo. Malah salajêngipun ingkang gadhah panyuwun wau sampun dumugi 1000. Mangka wontênipun punggawa ingkang badhe dipun tampèni ingriku namung 30. Miturut pawartos dumugining tanggal 1 April sampun botên nampèni sêrat panuwunan malih.

Kongres P.P.I.I. Benjing têngah-têngahing taun punika P(erikatan) P(erkumpulan) I(steri) I(ndonesia) badhe adamêl kongrès wontên ing Bêtawi. Miturut katrangan, wontênipun pakêmpalan-pakêmpalan wanita ingkang nayogyani wontên 21 panggenan. Badhe kongrès punika kapetang ingkang kaping 2.

Conculatiebureau tuwin Polikliniek Meester Cornelis. Kala ing dintên Sabtu tanggal 31 Maart 1935 sampun kalampahan kabikak. Ingkang rawuh anjênêngi kathah, kajawi para doktêr ingkang sami badhe tumindak ing damêl wontên ingriku, ugi dipun jênêngi panjênênganipun ingkang Bupati Mr. Cornelis tuwin sanès-sanèsipun. Pambikaking papan polikliniek dipun tindakakên dening R.A. Adipati Abdurachman, sarana anggunting pita ingkang minangka gawar. Ing dintênipun Sênèn, 1 April 1935 wiwit nampèni tiyang jêjampi.

--- 418 ---

Kongrès golongan pabrik. Benjing tanggal 5 tuwin 6 April punika Vereeniging Ned. Indisch Fabrikaat badhe damêl kongrès wontên ing Surabaya, manggèn ing gêdhong Kunstkring. Tuwan Reisel badhe mêdhar sabda bab "Industrialisatie".

Papan paboyongan ing Papua. Dr. W.C. Klein ingkang nêmbe dhatêng saking Eropa, benjing tanggal 13 wulan punika badhe dhatêng tanah Papua ingkang kala rumiyin dados jajahan Jerman. Ing benjing sasampunipun rampung anggèning titipriksa, lajêng wangsul dhatêng jajahan Walandi malih. Kacariyos tumrap jajahan Australie têtiyangipun ngamanca sampun wontên 6000, dene jajahan Walandi namung 400.

Kamirahanipun Volkscredietbank ing Cilacap. Jalaran saking rêkaosipun tiyang pados arta ing bawah Cilacap, ing sapunika Volkscredietbank ing Cilacap nindakakên kamirahanipun, tumrap tunggakan sambutan, samangsa sampun ambayar 40% sampun dipun anggêp sah. Manawi pawartos punika nyata, nama satunggiling kamayaran.

Barang-barang langkungan ing Depot van Leermiddelen. Kala taun 1932 wontên papriksan ing Depot van Leermiddelen ingriku pinanggih wontên langkungan barang-barang awarni potlot abrit, biru tuwin potlot gambaran gunggung 700.000 iji, kajawi punika taksih wontên decimeter 79.000 iji, punaises 49.000 gros, gom 18.000 wadhah. Tuwin malih ugi taksih wontên wadhah mangsi, sabak, kapur tuwin sanès-sanèsipun ingkang sampun botên kangge.

Dhukun linangkung. Ing Randhublatung wontên dhukun enggal nama R. Wimono alias Tirtohadikusumonyoto, kathah tiyang ingkang nêdha jampi mriku. Sarananipun mawi ambêkta gêndul isi toya, pathokanipun kêdah mantêp. Sampun dados padatan, manawi wontên dhukun ingkang kados makatên, sagêd gadhah daya panarik agêng.

Prakawis kalender Taman Siswa. Ingajêng wontên pawartos, kalèndêr Taman Siswa kasêrêg ing prakawis, saha sampun dumugi Raad van Justitie ing Sêmarang, nanging prakawis wau dipun tulak. Awit saking punika, sêrêgan wau sampun luwar saking prakawis.

Nyathêti namaning lintah dharat. Wontên pawartos, kantor pajêg ing Purwakarta nindakakên paniti dhatêng wontênipun para lintah dharat (juru potang) ing laladan ngriku, pêrlu badhe dipun cathêt ing register. Dene pinanggihipun wontên 100 sami bangsa Arab, punika sawêg salêbêting kitha kemawon. Ing salajêngipun ugi nindakakên papriksan miturut cathêtanipun juru potang ing bab kawontênanipun ingkang sami nyambut. Bab punika tamtu badhe anggayut ing bab babagan punggawa nagari ingkang sugih sambutan.

Matêsi pangêcapan. Ing bab pawartos matêsi tumindaking pangêcapan, inggih punika gêgayutanipun kalihan awisan adêging pangêcapan enggal, ing sapunika pangrêmbagipun sampun dumugi Raad Indiya. Kados tumuntên tumindak.

Tanêman kabudidayan. Ing panenan taun 1934-1935 tumrap bawah Ngayogya, jêmbaring pasitèn wontên 19.025 bau, pasitèn samantên punika ingkang dipun tanêmi rosan 3466 bau, ingkang 15.009 bau dipun tanêmi sanès-sanèsipun, ingkang kenging kasade.

ASIA.

Kasangsaran agêng ing Tiongkok. Miturut pawartos saking Shanghai nguwatosakên têtiyang kasangsaran jalaran saking bêna, cacah tiyang 20.000. Bêna wau jalaran saking ambroling bêndungan lèpèn Kuning, ing watês Honan kalihan Hupei. Wontên tiyang 100.000 sami ngili. Parentah sampun nindakakên pitulungan. Kajawi ing sanginggiling lèpèn Yang Tze dumugining kitha Human, wontên tiyang 12 yuta kakuwatosakên kêluwèn, jalaran saking awis nêdha. Ing Nanking sampun wontên tiyang 10.000 dumugi 20.000 ingkang panggêsanganipun namung pêpriman. Ing sakiwatêngêning kitha kathah pêjah jalaran nêdha siti.

EROPA.

[Grafik]

Kasangsaran mêsin mabur. Dèrèng sangu punika wontên mêsin mabur Inggris anggêgana saking London badhe dhatêng Singgapura, wontên ing margi, ing Sicilia dhawah, mêsin mabur wau rêmuk, kados kacêtha ing gambar, juru anggêgana dalah ingkang sami numpak tiyang 9 sami tiwas.

--- 419 ---

Wêwaosan

Sugih Atindak Mlarat

15

Tuwan Hènri lajêng ngadêg nyat nyandhak tanganipun Nonah Janèt lajêng dipun ambêt kalihan ngucap sêrêt: Pangeran kang nêksèni kasêtyanku mênyang kowe.

Ing sanalika Nonah Janèt botên sagêd mangsuli, mripatipun namung kaca-kaca saha kêsundhul ing napas sungsun.

Ing ngriku lajêng tidhêm botên wontên sabawa malih, kadosdene tidhêming jagad anêksèni kasêtyanipun tiyang kêkalih punika. Wusana Tuwan Hènri lajêng wangsul.

10. Miyak wêwados.

Ing sapunika Tuwan Hènri rumaos sampun mêdal saking panggenan samar, nanging pambikakipun wêwados badhe kaangkah supados sagêd damêl sênênging ngakathah.

Enjingipun Tuwan Hènri nuwèni griyanipun, awit sanès dintên badhe wangsul mantuk, prêlu badhe nyariyosi dhatêng rencang-rencangipun, nanging kados punapa kagèting manah, nalika dumugi sangajênging griyanipun, sumêrêp bilih griyanipun dipun ênggèni ing tiyang sanès. Ing ngriku Tuwan Hènri sampun anggagas bilih wontên lêlampahan ingkang nyalawados, mila lajêng badhe ngangkah-angkah kadospundi murih sakecanipun, nanging salêbêtipun Tuwan Hènri sawêg calingak-calinguk, wontên tiyang jalêr brêgas nyapa makatên: Panjênêngan sintên, kados prêlu badhe madosi tiyang.

Tuwan Hènri mangsuli: Inggih, badhe madosi pun Yan.

Tiyang jalêr: O, inggih wontên, môngga kula aturi lênggah ngriki rumiyin. Tuwan Hènri lajêng mapan lênggah, tiyang jalêr wau lajêng ngundang pun Yan, botên dangu dhatêng.

Yan sarêng mêdal ing jawi sumêrêp Tuwan Hènri, inggih punika bandaranipun, lajêng ngèplèk botên sagêd ginêman.

Tiyang jalêr: Punika pun Yan.

Hènri: Kowe padha slamêt Yan.

Yan mangsuli gugup: Nun inggih, griya kula sewakakên. Yan lajêng ngajêngakên tuwan ingkang nyewa, kalihan wicantên: Inggih punika tuwan ingkang gadhah griya, sapunika sampun kondur.

Tuwan ingkang nyewa mèsêm kalihan wicantên araos botên sakeca: Ya sanadyan bali, apa aku arêp koêkon lunga, iku ora bisa, aku wis krasan ana ing kene.

Yan: Nanging kula rak sampun janji, manawi bandara kula kondur, panjênêngan kêdah pindhah saking ngriki.

Tuwan ingkang nyewa: Kowe aja sêmbrana, aja gawe isinku, yèn kowe tak gugat, mêsthi bakal tômpa paukuman.

Tuwan Hènri: Mangke rumiyin ta, kula badhe sumêrêp dhodhok sèlèhipun, têka panjênêngan lajêng manggèn wontên ing ngriki punika sakawit kadospundi.

Tuwan ingkang nyewa: Anggèn kula manggèn wontên ing ngriki nêtêpi kajêng ing bab nyewakakên griya, amargi ing sangajênging griya punika dipun pasangi ungêl-ungêlan dipun sewakakên.

Hènri: Apa ya ngono Yan.

Yan mangsuli, swaranipun lirih andharêdhêg: I ... kkih.

Tuwan Hènri ngantos mèsêm, dening ngrêtos saking ajrihipun Yan, anggènipun mungêl: inggih, ngantos botên cêtha. Salajêngipun tuwan Hènri wicantên: Inggih tuwan, prakawis griya punika dipun sewakakên, inggih botên wontên pambênganipun, nanging sarèhning kula ingkang gadhah, badhe angênggèni piyambak, panjênêngan kula prayogèkakên pindhah kemawon, kula ingkang badhe ngaturi kapitunan minôngka wragad pindhah panjênêngan.

Tuwan ingkang nyewa: Kula botên badhe mituruti kajênging tiyang sanès, kula kêdah têtêp manggèn ing ngriki.

Hènri: Tuwan sampun makatên, kados pamrayogi kula punika sampun sae.

Yan: Kalihan malih tuwan punika anggènipun manggèn ing ngriki botên ambêkta barang punapa-punapa, namung tiyang thok.

Tuwan ingkang nyewa: Kowe batur, aja milu nyambungi gunêming bandara.

Tuwan Hènri sarêng mirêng pun Yan dipun canthulani, lajêng mrina, wangsulanipun, Elo, sanadyan rencang, manawi lêrês kenging kemawon nyambêti ginêming bandara. Sapunika kula suka pèngêt sapisan malih, panjênêngan pindhah saking ngriki punapa botên.

Ingkang nyewa, kula punika sanès lare alit, badhe botên ajrih dipun grêtak, kakiyatan kula taksih kuwawi kula angge nututi bantêring ungêl kula.

Hènri: E, e, dados kula punika panjênêngan rèmèhakên sangêt, mawi dipun pamèri karosan. O, punapa panjênêngan dèrèng sumêrêp karosanipun Hènri. Panjênêngan kesah: botên.

Tiyang ingkang nyewa: Saiki uga kowe lungaa saka kene, aku kang kuwasa ing omah iki. Yèn kowe ora lunga, tak larak.

Tuwan Hènri ayêm kemawon, ujug-ujug lajêng murugi tiyang wau, [wa...]

--- 420 ---

[...u,] tanganipun dipun rangkus lajêng dipun bopong, kabêkta dhatêng sapinggiring margi lajêng dipun bucal mêdal, Tuwan Hènri wicantên, yèn kowe wani mlêbu mênyang pakarangan iki, tak pistul.

Yan nyambêti: Tak sotho.

Tiyang wau lajêng tangi badhe ngancam, nanging lajêng kêtungka wontên pulisi, tiyang wau dipun cêpêng, pulisi wicantên: Ya iki wonge kang minggat saka pakunjaran, dene ana kene. Wusana lajêng dipun gêlandhang ing pulisi.

Tuwan Hènri lajêng malêbêt ing griya, tuwin wicantên: Lêlakon kang uwis kêpungkur aja digunêm manèh, saiki aku wis bali mulih, kowe kabèh padha tumindaka ing gawe kaya kang uwis. Kabèh ora ana kang tak srêngêni, jênêng wis padha tinêmu slamêt.

Enjingipun Tuwan Hènri dandos brêgas-brêgasan, lajêng bidhal dhatêng griyanipun Nonah Janèt, sarêng pinanggih Nonah janèt lajêng wicantên: Ayo Janèt, milua aku.

Sanalika Nonah Janèt ngantos kamitênggêngên, nanging botên pangling manawi ingkang ajak-ajak punika Tuwan Hènri, wontênipun namung lajêng tumut. Sasampunipun sami numpak oto lajêng lumampah nuju dhatêng panggenaning toko-toko ingkang agêng, wusana oto kèndêl wontên sangajênging toko wau, Tuwan Hènri ngajak Nonah Janèt malêbêt ing toko ngriku, ingkaingkang. gadhah toko mapagakên katingal urmat sangêt, kados sampun kulina sangêt kalihan Tuwan Hènri. Tuwan Hènri wicantên dhatêng Nonah Janèt: Janèt, kowe gawea panganggo ing sakarêpmu tanpa tak watêsi.

Nonah Janèt namung malongo, nanging kêpêksa pitakèn: Karêpmu kapriye ta Hènri.

Hènri: Wis, cêkake apa uniku ênutên. Bêcik, bêcik.

Cêkakipun Nonah Janèt sampun dandos kados sacaraning pangantèn, saha salajêngipun kalampahan kawin wontên ing kantor.

Sarampunging kawin, Tuwan Hènri kalihan nyonyahipun lajêng sami numpak oto, Tuwan Hènri akèn dhatêng sopir dhatêng panggenanipun dhoktêr Hendriks, sadumugining panggenan, nalika Tuwan Hènri mandhap saking oto dipun papag dhoktêr Hendriks piyambak, katingal gita dening angraos gawok anggèning katamuan tiyang taksih mangangge cara pangantèn, panggagasipun: saupami tiyatiyang. sakit, gèk sakit punapa, nanging saupami tamu, têka dèrèng nate têpang tuwin botên cêcala rumiyin.

Nalika Tuwan Hènri dipun papagakên dhoktêr, lajêng ngajak tabikan, tangan têrus dipun gocèki tuwin wicantên: Dhoktêr, kula ngaturakên gênging panuwun dhatêng panjênêngan, dene panjênêngan sampun paring pamrayogi dhatêng kula, saha sarêng sampun kula lampahi, kula amanggih kasarasan yêktos, kula sampun anglampahi nyambut damêl warni-warni, ingkang rumiyin panjênêngan kintên kula botên sagêd anglampahi. Dene sawarnining padamêlan ingkang kula lampahi wau sami adamêl kasarasan. Punika kula ngaturakên kagungan panjêngan arta ingkang rumiyin panjênêngan prêsèkakên dhatêng kula kala panjênêngan tindak mriksa tiyang sakit ing griyanipun sudagar sata.

Sanalika dhoktêr Hendriks malêngak saha dipun sambêt ing ginêm sakalangkung sora: Panjênêngan Tuwan Henri Charlls, sukur-sukur, kula sakalangkung bingah ing manah. Sêdya kula kala samantên pancèn makatên, kula botên ngintên manawi panjênêngan lampahi yêktos. Wah, kula ngantos pangling babarpisan, sarira panjênêngan sakalangkung jênthot. Cobi, asta panjênêngan punika prasasat wungkal.

Tuwan Hènri: Dhoktêr, nêpangakên, punika bojo kula, ingkang sampun pêpacangan dangu ing kalanipun kula dados tiyang nyambut damêl. Kawin kula inggih sawêg punika wau.

Dhoktêr lajêng têtêpangan saha ambagèkakên wilujêng. Salajêngipun Tuwan Hènri wicantên: Sarèhning rumiyin kula prajanji ngajak totohan sadasa èwu rupiyah, ing bab anggèn kula kadugi badhe nglampahi nyambut damêl awrat, ing sarèhning sampun kula lampahi jangkêp, lêrêsipun kula mênang, nanging arta wau malah kula ingkang mujudakên, saha kula aturakên panjênêngan, mugi kaagêma ngagêngakên yêyasan ingatasing babagan kasarasan. Punika awujud cèk.

Dhoktêr Hendriks nampèni kalihan malongo, wusana ngaturakên panuwun, têmbungipun: Kula ngaturakên gênging panuwun, dene panjênêngan aparing kadarman ingkang samantên agêngipun, mugi sagêd amiguniamigunani. ing ngakathah.

Tuwan Hènri: Rêbat cêkap, dhoktêr, kula badhe nglajêngakên lampah, ngiras ngirus, panjênêngan kula aturi rawuh ing griya pajajanan agêng, ing dalu punika kula bingah-bingah.

Dhoktêr: Inggih badhe kula prêlokakên.

Tuwan Hènri kalihan nyonyahipun lajêng dhatêng griya pajajanan, ing ngriku sampun kathah mitra-mitranipun para miliyonèr sami ngêntosi, sarêng sumêrêp wontên oto mandhêg, tuwin ingkang mandhap Tuwan Hènri kalihan nyonyah sami mangangge cara pangantèn, sadaya sami malêngak, botên mangrêtos kajêngipun. Tuwan Hènri kalihan nyonyahipun lajêng dipun papanakên wontên ing têngah, botên dangu kêtungka dhatêngipun Dhoktêr Hèndrik tuwin tamu ulêm-ulêmanipun Tuwan Hènri, inggih punika para têtiyang ingkang sami gêgayutan Tuwan Hènri tuwin nyonyahipun nalika nyambut damêl.

Ing ngriku Tuwan Hènri lajêng nglairakên panuwun dhatêng para mitranipun anggèning nêdya mitulungi arta, nanging sajatosipun, Tuwan Hènri taksih têtêp dados miliyonèr, bandhanipun malah saya kathah. Mila bab pitulungan wau botên dipun tampèni, lajêng kangge abingah-bingah wontên ing ngriku kemawon. Salajêngipun gêntos Dhoktêr Hèndri mêdhar sabda, ngandharakên ing bab lêlampahanipun Tuwan Hènri.

Wusana sabibaripun saking ngriku Tuwan Hènri lajêng mantuk dipun grubyug tamu sadaya. Ing ngriku nyonyahipun Tuwan Hènri sawêg mangrêtos sajatosing lêlampahan. Ing salajêngipun têntrêm botên kirang satunggal punapa. Tamat.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

SI KENTHUS (CARIYOS GOLEK GESANG)

Anggambarakên kanakalaning lare, mawi gambar kathah. Lare-lare sami rêmên maos cariyos punika. Minangka icip-icip dipun pêthikakên sak bab kados ing ngandhap punika.

DADINE SI KENTHUS.

Têkan ing omah Pak Bandhot ngêtok-êtokake pirantine, wong dhèwèke iku iya tukang kayu, kayadene Pak Jrabang. Kayu olèhe nggawa saka ênggone Pak Jrabang banjur digarap, karo caturan dhewe, mangkene:

Bêcike iki besuk takjênêngake Si Kenthus wae. Anake Pak Karta ing desa Brang Lor kae iya dijênêngake Si Kênthus; dhèk cilik nakal, nanging barêng gêdhe bisa dadi priyayi. Manawa Si Kênthus iki iya bisa dadi luhur, sapa sing wêruh.

Angkrok têrus digarap. Wiwitan êndhase diwangun, barêng wis bathuk, banjur matane. Barêng matane loro pisan wis rampung, Pak Bandhot kagèt, mèh kêgêblag, awit matane loro mau padha bisa owah ngiwa nêngên, munggah mudhun, bisa kêdhèp, malah mênthêlêngi Pak Bandhot. Pak Bandhot calathu: "Aja plorak-plorok, mêdèni uwong!"

Sing duwe mata mênêng bae. Barêng mata wis rampung, gênti nggarap irunge. Nanging anèh bangêt, durung rampung olèhe mangun, irunge mulur, mundhak dawa, saya suwe saya mundhak, dikêthok, pulih, dikêthok manèh, pulih manèh, nganti kaya irung Petruk. Banjur diêtogake bae. Irung rampung, banjur cangkêm digarap; durung nganti rampung, wis bisa ngguyu, ngguguk. Pak Bandhot gèdhèg-gèdhèg saking gumune, banjur calathu: "Mênêng aja jêgegesan! Ora gênah, ki, wong tuwa diêjak sêmbranan ... !

Angkrok mênêng bae, ora mangsuli, nanging ilate dièlèt-èlètake bae. Pak Bandhot ora ngrèwès, nutugake ênggone nyambutgawe, ngongoti janggut; rampung janggut, banjur gulu, banjur wêtêng, banjur lêngên lan tangan. Tangan rampung arêp nggarap sikil, krasa ikête kaya arêp udhar, nyèlèhake pangot, ndêngèngèt arêp dibênakake ikête, nanging jêbul wis diênggo Si Kênthus.

Pancèn ora gênah têmênan, bocah iki; apa ana, ikêt lagi diênggo jare dirêbut. Kene.

Ikêt gênti dirêbut Pak Bandhot, dianggo manèh, karo grênêngan: "Thus, Thus, mbok aja nracak, ta, kuwalat kowe mêngko."

Banjur nggarap sikil. Lagi bae rampung, wis diênggo ndhupak Pak Bandhot, plêk kêna wêtênge. Pak Bandhot kagèt, cêlathu:

Pancèn aku sing luput; ora dakkuwayani sadurunge, wong pancèn bocah ugal-ugalan; nduwe sikil, nèk ora diênggo ndugang diênggo apa.

Si Kênthus banjur diêdêgake ing lêmah, karo ditetah, dicoba apa bisa mlaku apa ora; nanging katon isih rêkasa, awit sikile isih kaku. Barêng wis diowahi sawatara, banjur bisa mlaku dhewe ana ing jrambah. Têkan ing kori, brabat mêncolot mêtu, lumayu mênyang dalan gêdhe. Pak Bandhot iya kaya bocah, mèlu mêtu, nututi, karo bêngok-bêngok: "Tulung, tulung kang, niku dicêkêlake, kang!"

[Grafik]

Wong-wong ing dalan padha mênêng bae; ndomblong ngawasake; gumun wêruh angkrok bisa mlayu; nanging gumune kanthi sênêng. Malah padha surak-surak, kêplok-kêplok.

Upas jaga dalan, krungu wong rame-rame, marani, disêngguh ana jaran ucul utawa kêbo ngamuk; ngadêg malangkadhak ana ing têngahing dalan, arêp ngadhangi.

Barêng Si Kênthus wêruh ana upas ndhêpaplang, karêpe arêp mbrobos ing sêlane sikile upas. Nanging pak upas wis prayitna, têkan ngarêpe, irunge Kênthus dicêkêl cêk. Dhasar dadi kêpenak cêkêl-cêkêlane. Si Kênthus diwènèhake bali mênyang Pak Bandhot.

Sêrat "SI KENTHUS" kalih jilid namung rêgi f 0.90

Wêdalan - BALE PUSTAKA - Batawi-C.

--- [0] ---

Ôngka 29, Stu Pa, 9 Sura Jimakir 1866, 13 April 1935, Taun X

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [453] ---

Ôngka 29, Stu Pa, 9 Sura Jimakir 1866, 13 April 1935, Taun X

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1,50. Bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Tatwawara - Kawontênan ing Gunungkidul - Gôngsa Pasêmon Nyambutdamêl Sêsarêngan - Kawontênan ing Turki - Adpêrtènsi - Ngumpuk-umpuk Balônja - Kabar Warni-Warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Tatwawara

[Kinanthi]

ora mung wong lagi turu / bisa ngimpi warni-warni / sanadyan lagi jagongan / iya uga bisa ngimpi / lah ta impèn iku apa / têka sêktine ngluwihi //

anèng jamane wong turu / anèng jamane wong linggih / têgêse mêlèk-mêlèkan / padha bae bisa urip / makarti sakarsa-karsa / tan ana kang mêmalangi //

kang duwe jaman padha wruh / kadya ngawaki pribadi / dene lêlakon mangkana / lumrahe kang anglakoni / mung wong kang sugih gagasan / yèn wong kang mênêp ing pikir //

si impèn kêblas lumayu / nora pisan wani kinjik / mula dadi pitakonan / kapriye mungguh kang yêkti / impèn iku ana ora / môngka jroning kitab muni //

Nabi Yakub Nabi Yunus / iku sagêd narbukani / wahananirèng supênan / têrang anane bab impin / têrang impèn ora ana / ujare si pikir wêning //

êndi kang kêna ginugu / wêwaton kitab prayogi / awit iku wus kanyatan / nanging yèn mungguhing tokid / apa tan luwih prayoga / wêwaton mênêping pikir //

--- 454 ---

Tanah dalah Tiyangipun

Kawontênan ing Gunungkidul

Sambêtipun Kajawèn nomêr 28.

[Pangkur]

Panguripane wong kana / isih padha prasaja lair batin / gogik pangane kang baku / wondene kang kinarya / thiwul garing tumandho mataun-taun / yèn butuh nulya ingêdang / iku pangane kang masthi //

nadyan gogik kang pinangan / wong ing kono mêksa duwe pamilih / êmoh lawuh bôngsa duduh / gogik yèn dinuduhan / amblêkêtrêk yèn tan tahan malah gigu / mate lawuh sambêl bawang / tinutul nikmat kapati //

ana kang nora dêdiyan / surya surup sirêp gya mapan guling / nadyan pêtêng dumuk irung / totor yèn butuh padhang / ngadhang-adhang gêbyaring mawa dinamu / kontaling awu wèh padhang / gambuhing manah kang sipi //

[Gambuh]

talatah gunung Kidul / nadyan bawah Ngayogyakartèku / nanging wonge sok duwe têmbung dhèwèki / ing kono wis kanggo umum / seje desa seje lagon //

ana sing muni gumuk / rada gêdhe iku jênêng cêmpluk / yèn ngarani tunggangan pit iku plêncing / pit motor diêlih odhug / motor mabur diêlih odhor //Lebih satu suku kata: motor mabur dilih odhor.

gaplèk kang wus diglêpung / wong ing kono angarani gandum / nora wêruh yèn gandum ana sayêkti / yèn dibênêrke brêgudul / malah ngarani wong bodho //

mandar ana sing lucu / gênah kliru nanging mêksa puguh / têmbung elik padha têgêse lan eling / iku sing sok gawe bingung / dielikke jare dikon //

dene kawine udur / rêbut biyada ing kono umung / têmbung dhudhuh iku têgêse dhêdhangir / dene yèn muni wus magut / têgêse wus mèh kalakon //

yèn ngawèkake wêdhus / dudu menda ning maenda kudu / têmbung jagrag iku têgêse andhacin / bubuk gaplèk iku kabluk / wêla nunggak iku ngêndhong //

manèh karêpe rasul / salamêtan nuju brêsih dhusun / yèn pinuju rasul padhane riyadi / sapisan ing sabên taun / padha ngrupakake tenong //

gotèke wong calathu / ngarêpake rasul ponjong iku / kang wus klakon ana kidang saba siji / tanpa sangkan malbèng dhusun / wong kono amburu gropyok //

kupiyane rumuhun / lamun kidang kêna tinalikung / ngalamate bakal tulus among tani / rêjêki bisa sêmpulur / dhêle parine kêmêton //

êndhase kidang mau / gya cinacah nganti ajur mumur / nulya iku ingarak sakèh sujalmi / sinungkên têlênging êtuk / sinilêp ing sêndhang Ponjong //

lamun anggone buru / kidang mau tan kêna pinikut / bakal kurang pamêtune among tani / saking kandêle takayul / wus rumasuk bayu otot //

Wanasari yèn rasul / rak-arakan saka ngalun-alun / mamèrake kamajuan modhèl ngardi / kabupatèn kang jinujug / jêjêl nèng latar kumroyok //

rasul cara Sêmanu / nitik adat masthi nganggo tayub / pancèn rame marga cêdhak pasar Munggi / tur nganggo yun-yunan bandhul / leha-leha mubêng katog //

--- 455 ---

Banaran nganggo janggrung / gênti jogèd ana pinggir sumur / amêruhi yèn sumur ingaji-aji / panguripane wong sèwu / akèh bangêt kang anonton //

ing jêron sumur mau / kèh lelene tan kêna pinetung / yèn memeta wong ing kono padha wêdi / bêndune sing tunggu sumur / samar yèn tumêkèng maot //

ing Kalangbangi iku / yêkti elok kèh kang padha gumun / ana gunung isèn-isèning mung kucing / katêlah saprene umum / karan gunung Kucing kalok //

aja kalèru surup / gotèk iku wartane salugu / dudu ujar pêprênesan lawan sindhir / kucing tênan bisa mlaku / gunung watune ya atos //

wêtune kucing mau / ngarêpake sêdhêkahan rasul / warna-warna ulese kucing mêpaki / yèn nuju môngsa tan rasul / siji bae nora katon //

Bleberan sabên rasul / nanggap wayang Bratayuda nutug / kèh priyayi kang padha rawuh mriksani / kasêngsêming raos jumbuh / tuladha têpaning batos //

klurahan Ngalang iku / sabên rasul ramene misuwur / tontonane warna-warna amêpaki / kêthoprak Dhe-andhe Lumut / nganggo tayuban cah angon //

lumrah wong Gunung Kidul / jaman malèsèt mrêlokke rasul / ngaya-aya parikane ompong ya wis / mung sapisan sabên taun / tiyang kok mas gilok-gilok //

klurahan Saba iku / nganggo babad dalan sabên rasul / saka Giring sakèhing wong sangu lading / kanggo sarat ngrampas taru / lan padha anggawa tenong //

sasine nora tamtu / amung sabên bubar panèn pantun / saka Giring mring Sada sowan suwargi / jam rolas awan tinamtu / dinane Jumungah Kliwon //

Ing desa Giring iku / ana tilas palênggahanipun / kang sumare Sada Kyagêng Giring swargi / ana satêngahing dhusun / akèh wong mrêlokke nonton //

wuse mêmule rampung / padha sowan pasareanipun / Kyagêng Giring pra samya acaos bêkti / lan nyêkar miwah kêkutug / kèh wong mônca adoh-adoh //

[Grafik]

Griya sakit pitulungan ing Wanasari, Gunungkidul.

prêlu nyuwun pangèstu / kinabulna ing panuwunipun / panuwune linantarkên juru kunci / akèh kang durung sumurup / yèn pasareane loro //

kang siji mawa cungkup / de sijine lugas tanpa cungkup / lwih prasaja malah tanpa ngagêm kijing / kapering rada mandhuwur / lan nora kauban wangon //

kandhane juru pintu / ana loro lair batin iku / pralambange môngka pasêmoning urip / lair ywa tinggal prajamu / nadyan batinmu wus lobok // Badhe kasambêtan.

K. 5587.

--- 456 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Turki

Ing rumiyin-rumiyinipun, kados awis nagari ingkang kêbak ura-uru kadosdene nagari Turki, nanging ura-uru wau botên sanès namung tuwuh ing salêbêtipun wêwêngkon piyambak, inggih punika pasulayaning kabangsan. Wontênipun makatên, jalaran saking kathahipun ingkang sami anggadhahi panguwaos agêng, wiwit ingkang jumênêng nata ngantos dumugining tiyang ingkang sami kasampiran pangkat, lèrègipun sami kemawon, kadosdene rêrêbatan panguwaos, mila pinanggihipun kala samantên malah adamêl ringkih.

[Grafik]

Nyonyah Iphèt Alim nuju sêsorah wontên sangajênging wanita kathah.

Saking gênging panguwaosipun panjênêngan nata, kenging dipun wastani prasaksat rakyat ing Turki kadosdene kecalan kamajêngan. Saya malih tumraping para wanita, pinanggihipun tanpa anggadhahi polatan pisan têbih dhatêng ingkang dipun wastani kamajêngan.

Nanging lêlampahan punika manawi badhe winalik, ngantos anggumunakên, bêbasan kawontênanipun nagari Turki lajêng malih sanalika, kadayan saking tindakipun Sang Kemalpasah. Malah ewahipun wau ngantos ngicalakên tabêt babarpisan, [babarpi...]

--- 457 ---

[...san,] pundi ingkang rumiyin dipun anggêp dados pêpalanging kamajêngan, lajêng sumisih piyambak.

Kados ta ing bab kawontênanipun golongan wanita, punika ing kala rumiyinipun saksat botên kocap wontên ing jaman pasrawungan, punapa-punapa sarwa dhawah ing wingking, nanging sarêng sampun dumugi titimangsanipun majêng, inggih sampun botên beda kados tindakipun para wanita ing Eropah sanès-sanèsipun.

Tumrapipun para wanita, sayêktosipun inggih sampun dangu anggadhahi osik nêdya majêng, nanging tansah manggih pêpalang warni-warni, mila sarêng kasêmbadan, grêngsêngipun kadosdene prajurit sagêd ngêbroki nagari. Malah sapunika wontên tatanan enggal, tumraping wanita ingkang sampun ngumur 20 taun, dipun sukani wêwênang gadhah hak milih. Dhawahing wêwênang ingkang kados makatên punika sakalangkung damêl gambiraning para wanita. Saking lêganing manah, para wanita ing Sêtambul angwontênakên arak-arakan, cacahipun ingkang arak-arakan ngantos ewon. Ing ngriku ingkang dados pangajêngipun nama Nyonyah Iphèt Alim, mêdhar sabda wontên sangajênging wanita kathah, ingkang suraosipun angluhurakên asmanipun Sang Kemalpasah, inggih punika ingkang dados bapa babuning kamajênganipun nagari Turki.

[Grafik]

Sang Kemalpasah nuju mriksani rêca sariranipun piyambak, ing Turki.

Tumrap kamajênganing praja dalah panggêsanganipun, Turki tansah anjèjèri kemawon kalihan kamajênganing sanès, para nayakaning praja anggèning tumindak ing damêl katingal tumêmên ngênut lampahing jaman, agal alus sami katindakakên kanthi yêyêktosan.

Ing bab tumindaking padagangan tuwin panggêsangan, ing rumiyin Turki botên patos katingal, nanging ing sapunika sampun sagêd ambèr dhatêng nagari sanès. Malah rumiyin sampun nate wontên ministêr Turki [Tur...]

--- 458 ---

[...ki] dhatêng ing Mosko prêlu rêrêmbagan padhami saha nêmbung nyambut arta wolung yuta dholar êmas, nanging sambutan arta samantên wau botên dipun têdha wujud arta, namung mêndhêt awarni prabot patukangan, prêlunipun badhe ngagêngakên pakaryan, supados botên tansah kêdhatêngan barang-barang saking Eropah tuwin sanès-sanèsipun, dados kabêtahanipun Turki botên namung badhe gumantung saking nagari ngamônca.

[Grafik]

Kapal silêm Turki, asli damêlan Sêpanyol.

Mênggahing bab asiling têtanèn, tumindakipun ing Turki sakalangkung majêng, malah lajêng anggadhahi wulu pamêdal bangsaning badhe kangge barang tênunan, punapadene badhe sutra tiron, punika tumrapipun Turki angsal gêgayutan kalihan Amerikah, Inggris tuwin Jêpan, amargi badhe-badhenipun wau pinanggih ingkang onjo piyambak. Kajawi punika, parentah tansah ngajêngakên sawarnining kagunan bangsaning nênun, kados ta bangsaning tangsul, lawe, lawe sutra, goni tuwin sanès-sanèsipun. Pambiyantuning parentah ingkang kados makatên punika, sagêd anocogi kalihan lampahing padagangan ing môngsa punika. Mila pinanggihipun ing sapunika goyat-gayutaning padagangan ing Turki inggih sagêd ngêdalakên, inggih sagêd nampèni. Dados nyata bilih kamajênganipun nagari Turki ing bab babagan padagangan pinanggih sawêg mumbul.

Ing bab tuwuhing raos kabangsan, punika tumrapipun Turki, sarêng ngambah kamajêngan sayêktos, inggih lajêng kantun ngêtut kemawon, malah wontên golonganing sêtudhèn bôngsa Turki ngawontênakên golongan ingkang nêdya anjêmbarakên sêsorah tuwin adamêl arak-arakan, supados para rakyat sagêd ambucal nama-nama ngamônca, dipun santuni nama Turki. Tindak wau lajêng katingal wontên wohipun, inggih punika nama-namaning hotèl, griya-griya kumidhi, gambar idhup, punapadene namaning toko-toko,

--- 459 ---

ingkang rumiyin ngangge nama ngamônca, lajêng sami santun nama Turki, dados nyata bilih raos kabangsan ing Turki tuwuhipun saya lêbêt, tamtu kemawon pikantukipun lajêng sagêd anjunjung bôngsa tuwin nagarinipun.

Dene ing bab kaprajuritan, tumraping Turki inggih botên kantun kalihan ombyaking ngakathah, tuwin pamawasipun dhatêng ebah-ebahaning nagari sanès tansah umindêng. Malah kala wontên ura-uru ing Grikênlan, Turki tampi panyaruwe saking Bulgari, ing bab anggèning Turki mêpêg wadyabala wontên ing watês Bulgari. Manawi bab punika dipun lajêng-lajêngakên, Bulgari badhe nindakakên panyêrêg dhatêng Polkênbon. Dene kajêngipun, supados sami atindak rukun kemawon. Panyaruwe makatên wau Turki mangsuli, bilih anggèning pacak baris, punika prêlu kangge ngayomi Dardanellen, amargi Bulgari ugi mêpêg wadyabala wontên ing watês Grikênlan, tuwin Turki botên niyat badhe pêrang.

Mirid kawontênan ingkang kados makatên punika, kawontênanipun nagari Turki ing sapunika katingal anggèning saya kiyat adêgipun, kabêkta saking kawontênan warni-warni.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun para bupati ing Jawi Têngah nuju konpêrènsi wontên ing pandhapi kabupatèn Magêlang, dipun pangarsani ing kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur jendral. Kangjêng tuwan ingkang wicaksana ingkang jumênêng antawisipun Gupêrnur de Vos kalihan ingkang Bupati Magêlang, Radèn Adipati Arya Danusugônda.

--- 460 ---

Rujak Wuni

Gôngsa Pasêmon Nyambutdamêl Sêsarêngan.

Mênggah ingkang dipun wastani gôngsa, punika paklêmpakaning kawujudan, kados ta: gambang, gêndèr, kêndhang, rêbab, kêthuk, kênong, gong sasaminipun ngantos jangkêp. Dados saupami namung wontên salah satunggal; gêndèr utawi gambang thok kemawon, punika dèrèng kenging kanamakakên gôngsa, nanging inggih namung gêndèr utawi gambang makatên kemawon.

Makatên ugi ingkang dipun wastani suwaraning gôngsa, punika inggih suwaraning paklêmpakanipun: gêndèr, gambang, sasaminipun wau ngantos kumplit, dipun tabuh sêsarêngan, tuwin namung tumrap larasing gêndhing satunggal utawi sawarni. Dados, saupami nabuh gambang, utawi namung nabuh gêndèr thok kemawon, inggih botên kenging dipun wastani: suwaraning gôngsa, nanging inggih namung suwaraning gambang, utawi gêndèr thok kemawon.

Dene saupami gôngsa ingkang jangkêp wau, katabuh sêsarêngan, nanging mawi gêndhing piyambak-piyambak, upaminipun kemawon: gambang katabuh ing gêndhing pangkur, gêndèr: tarupala, rêbab: kinanthi sandhung, saron: grompol thèk, saha kêndhang katabuh ing gêndhing: ijo-ijo, punika inggih sanès nama: suwaraning gôngsa, nanging suwaraning ... cèmbèng. Jalaran suwaranipun rame, wontên raos, têmtunipun inggih sagêd ... ngrisakakên agami.

Mênggahing tabuhanipun gôngsa, sampun malih dipun tabuh ingkang madêg saking kajêngipun piyambak kados kasêbut ing nginggil, botêna ambibrahakên raos, cacak ingkang dipun runtutakên panabuhipun, nunggil laras gêndhing satunggal ingkang dipun kajêngakên, ewadene bilih wontên tabuhan ingkang ngidak wirama sakêdhik kemawon, mêksa sagêd anjondhilakên rêmpêlu sayêktos. Amila sabên-sabên dipun wontênakên têtabuhan tuwin kalênengan, ing ngriku tansah dipun udi sampun ngantos wontên thuthukan sakêdhik kemawon ingkang nyulayani. Anèhipun ing ngriku, têka botên wontên babarpisan suwara ingkang sajak mandhiri angrumaosi sae piyambak, onjo piyambak, pintêr piyambak, sadaya-sadaya namung sami ngudi utawi nêtêpi kuwajibanipun piyambak-piyambak, ingkang puruging sêdyanipun namung tumuju dhatêng laras satunggal ingkang sami dipun kajêngakên. Dados inggih botên wontên meren-merenan rêbat cung, anggadhahi pêpenginan piyambak. Amila manawi ing ngriku mungêl gêndhing pangkur, pun gêndèr inggih mungêl pangkur, gambang inggih pangkur, makatên sapiturutipun. Botên wontên ingkang nêdya nylênèh.

Awit saking punika, saeba sae lan utaminipun, saupami saiyêging têtiyang ingkang sami têtabuhan wau, sagêd manjing utawi sagêd dipun tiru dening salah satunggiling bêbadan utawi pakêmpalan ingkang nunggil gêgayuhanipun.

Têrangipun, tiyang ingkang sampun kadugi utawi purun anglampahi nindakakên padamêlan niyaga, punika murih sagêda pikantuk nama sae, lan widada salajêngipun, inggih kêdah tumindak miturut tatanan ingkang sampun katêmtokakên wontên ing ngriku. Awit sadèrèng-dèrèngipun inggih têmtu sampun anyumêrêpi kawontênan-kawontênan ingkang kêdah dipun tindakakên kalihan tumêmên.

Makatên ugi tiyang ingkang badhe lumêbêd dados warga ing salah satunggalipun pakêmpalan, sadèrèng-dèrèngipun ingkang têmtu kêdah sampun nyumêrêpi sadhengah pranatan tuwin ancasing pakêmpalan wau, amila sasampunipun lumêbêt dados warga, kêdah lajêng tumut saiyêg purun nyambut damêl sêsarêngan ngangge caraning panindakipun pakêmpalan ngriku. Botên kenging lajêng nêdya bawa piyambak, damêl ada-ada ingkang botên salaras kalihan tumindaking para warga -sanès-sanèsipun. Malah kaudia kadosdene caranipun wiyaga anggèning nuthuk gôngsa ingkang dados pangkonipun piyambak-piyambak, inggih punika sampun ngantos nyulayani panuthukipun. Manawi tumindaking wiyaga anggèning badhe nêtêpi kuwajibanipun wau, sagêd saiyêg, kenging punapa têka para warganing pakêmpalan botên sagêd tumindak makatên.

Nanging sanadyan tiyang kathah punika pamanggihipun beda-beda, ewadene manawi angèngêti dhatêng gêgayuhan ingkang sami dipun pindêng, kados botên wontên pakèwêdipun milih salah satunggalipun pakêmpalan, pundi ingkang dados cocoging manahipun, nanging bilih sampun kalêksanan lumêbêt dados warganing pakêmpalan ingkang dipun cocogi wau, inggih lajêng sampun ngantos anuwuhakên panyeda utawi panacad dhatêng pakêmpalan sanèsipun.

Ing bab punika ugi sagêd nelad dhatêng trajanging gôngsa malih. Lêrês larasing gôngsa punika beda-beda, kados ta wêdalan: Ngayoja, Surakarta, Magêlang, Banyumasan, lan sasaminipun, nanging ing sarèhning ingkang dipun pikajêngakên sami kemawon, inggih punika gêndhing-gêndhing ingkang kangge ing ngriku, kados ta: Pangkur, Gambirsawit, Brondongmêntul, lan sasaminipun, sanajan wontên bedaning laras sawatawis, sarèhning beda-beda wêdalanipun, satunggal-satunggalipun inggih lajêng namung nêtêpi kayakinanipun piyambak-piyambak tanpa ngarubiru ing sanès. Ingkang dipun udi namung kasampurnan ingkang dados gêgayuhanipun wau.

Lah, hambok inggih makatêna tumraping pakêmpalan-pakêmpalan ingkang sami gêgayuhanipun, nanging beda tumindakipun, sampun sami ceda-cineda, angrungkêbana dhatêng kayakinanipun piyambak-piyambak, ngudi dhatêng kasampurnaning pakêmpalanipun.

Tumraping niyaga, ingkang sami nabuh gôngsa wau nyatunggalakên laras, ngantos satêlasing gêndhing ingkang dipun pikajêngakên, inggih punika têtêngêr ungêling gong ingkang wêkasan.

Tumraping pakêmpalan, ingkang dados têtêngêring gong ingkang wêkasan, inggih punika bilih sampun kadumugèn idham-idhamaning panggayuhipun. Kadumugèning sêdya ingkang makatên wau botên wontên sanès kajawi namung sarana tumindak nyambutdamêl sêsarêngan, anyungkêmi kayakinanipun ing sagolongan-sagolongan piyambak.

Pasêmon utawi pamrayogi kados ing nginggil punika, pancènipun makatên kêdah dipun ajêngi sarta kêdah dipun tindakakên kanthi têmên-têmên dening para panganjuring pakêmpalan ingkang sampun sami kasinungan pangrêtos tumrap gêgayuhaning sawiji-wiji, ingkang wosipun nunggil laras. Namung samantên aturipun pun Pênthul.

--- [461] ---

[Iklan]

--- 462 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Ngumpuk-umpuk Balônja

III

Garèng: Ayo Truk, padha dibanjurake rêmbugane ing bab: blônja wong sing ditumpuk-tumpuk, sanajan ora kobêr mêthêngkruk, nanging pakolèhe wong sathekruk, ora prêlu dilakoni karo ngantuk, anggêre wêtênge bisa jêmbluk, awit ora tau kambah tela lan gêthuk, apa manèh nganti wêtênge kluruk, wis mêsthi ora bakal kapêthuk, wong sabên dina kisenan: roti mêrtega, panêkuk, ...

Petruk: Wiyah, wiyah, ana kok banjur rete-rete dawa mêngkono. Sêmune, Kang Garèng kiyi ora sênêng bangêt mênyang anane wong sing olèh pagawean sing nganti dhobêl tripêl kuwi.

Garèng: Lo, nèk ana wong mêruhi kaanan sing kaya ngono kuwi, kok mung angob-angob bae, têgêse, ora duwe mrina, ora ambêdhogol rêmpêlune, nanging mung ayêm bae, iki kêna banjur tak dumuk warna loro, yaiku wong tegan utawa: iya bangsane ... majênun.

Petruk: Wèh, hla catho-catho anggonku arêp nampani, Kang Garèng, awit mungguhing aku, nguthik-uthik wong sing lagi olèh kabêgjan kuwi kêna sinêbutake: Drêngkiwikrama. Saikine dupèh ana wong ora mrêduli, ora ngopèni wong kang lagi: gundhule dikêpêti, têgêse: wis sênêng diwènèhi sênêng manèh, têka kok padhakake: wong tegan utawa: majênun. Karêpmu kêpriye.

Garèng: Mêngko sik, Truk, rungokna takwêjang. Wèh, nganti kaya propesor ngilmu ... klênik, nganggo arêp mêjang barang. Mula iya kêna diarani drêngki, malah nganggo diningrat, tumrape uwong sing nguthik-uthik wong kang lagi panèn rêjêki, sêmono kuwi yèn panène rêjêki mau tanpa gawe plilitane wêtênging liyan. Nanging wajib dibêdhêgêli, saupama ana wong rêjêkine ditumpuk-tumpuk, barêng liyane nganti pirang-pirang atus balindhi sing padha kleletan tanpa olèh sêga sapincuk, mung dipringake bae. Mara ta Truk, pikirên, pirang atus, pirang ewu, pirang lêksa endra maruta, wong sing padha nganggur, lan wis anglakoni midêring rat saya nglangut, mêksa ora olèh pagawean, sanajan antarane wong-wong sing samono kèhe mau, mêsthine iya ana sing durung kinar kalah kapintêrane, [kapintêra...]

--- 463 ---

[...ne,] karo wong sing pagaweane ditumpuk-tumpuk mau, tur bokmanawa luwih murah. Genea ora gêlêm nulung sing nganggur, pilalah awèh: èksêtrah marang wong sing wis kêndhile ora tau mêngkurêp. Apa sing kaya ngono kuwi ora gawe kêmropok. Jalaran saka iku, apa iya salah aku, yèn ana wong wêruh sing mêngkono-mêngkono kuwi mung ayêm-ayêm bae, banjur tak unèkake: wong tegan, têgêse: wong sing ora duwe wêlas marang sapadhaning umat, utawa: majênun, yaiku: sawijining uwong sing lagi pêrlip (kêryungyun)kêyungyun. marang Gusti Allah, mulane iya wis ora mikir marang kaananing donya kiyi.

[Grafik]

Petruk: Aku ora maido, yèn sing kaya ngono kuwi wajib kudu dimrinani, nanging kadhangkala sok ana kalamangsane, ngangkat uwong sing wis pènsiunan, jalaran ana ing kono pancèn dibutuhake bangêt, saka dening pintêre nyambutgawe, ora tau ngapirani, srêgêp, rajin, lan sapiturute. Rumasaku, murih aja gawe kapiraning pagawean, kaya-kaya sanajan wis pènsiun, wis pantêse yèn banjur diwènèhi pagawean manèh.

Garèng: O, Nèk kaya mêngkono iya kêna-kêna bae, wong pancèn dibutuhake bangêt. Luwih utama manèh, sabab panggêdhe isih ambutuhake bangêt mau, murih anggone nyambutgawe bisa saya suwe manèh, panggêdhe kudu ambuwang rêkès nyuwunake: verlenging (tambahan) marang êmbah ... Ijrail, bèn ana ing dunya kene uripe bisa dilanjari mung ... sèkêt taun manèh.

Petruk: Hara, rêmbugane Kang Garèng kiyi rak banjur ngayawara mêngkono.

Garèng: Lo, Barêng kaya ngene dianggêp ngayawara. Mungguhing panggêdhe sing ngangkat wong pènsiunan, banjur nganggêp yèn wong iku mau dibutuhake bangêt, kuwi nèk aku ora mung ngayawara thok, nanging malah: dhosah bêsar.

Petruk: Wah, saya ora ngrêti aku, Kang Garèng, sabab mungguhing panêmuku, panggêdhe ngangkat pènsiunan manèh kuwi, mêsthi kagungan krêsa sing utama rong prakara, kang kapisan, mitulungi pènsiunan mau, supaya ora kapêksa kudu nyirik: kênthang bêstik sladhah: krokèt lan [la...]

--- 464 ---

[...n] sapanunggalane, jalaran saka kuranging pangasilane, kang kapindhone: mitulungi pagawean, supaya aja nganti kapiran. Mulane aku gumun, têka banjur kok anggêp ngayawara, malah kok unèkake panggêdhe mau nglakoni dosa.

Garèng: Anggone tak unèkake ngayawara, sabab anggone nganggêp ambutuhake bangêt nyang wong mau, kayadene arêp nêrangake, yèn wong mau nganti ninggal pagaweane, pagawean kono mêsthi: ar-rê-muk. Hara, apa iki ora jênêng ngayawara. Sabab sesuk utawa êmbèn, wong mau rak iya kudu ditêmokake karo Kirun wa Nakirun, apa iya arêp digondhèli, sabab dibutuhake bangêt. Ing kono si panggêdhe sajak mung arêp angrèmèhake titahing Pangeran liya-liyane mangkene: wong liya mêsthi ora bisa anggêntèni pagaweane. Hara, apa iki ora dosa arane. Dosa sing nomêr loro, saora-orane wong kuwi nèk wis pènsiunan, iya wis akèh jêmpone, wajibe iya kudu dikon ngaso, ana kok dipêksa dikon nyambutgawe manèh, kanthi diiming-imingi arêp diwuwuhi uwure. Hara, ora dosa iki. Dosa kang nomêr têlu, panggêdhe mau gawe dosane punggawa liya-liyane. Sabab, wong iya wis pènsiunan, masthine iya wis tuwa, kuwi nèk ora kabênêran bisa uga kanggo kêmbang lambene para punggawa liya-liyane, kaya ta: wèh si kakèk le srêgêp, yahene têka durung mulih. Utawa: Kèk, kèk, tinimbang watuk-watuk ana ing kene, ambok kana momong putune, utawa: Kirane kakèk iki mêntas rabi ênom manèh, tandhane isih golèk dhuwit bae. Hara, Truk, si punggawa-punggawa apa ora dosa thok bae. Lan sapa sing gawe dosane kiyi, iya si panggêdhe ...

[Grafik]

Sawangan ing sakiwatêngênipun pêkên Kêpaiyang tanah Bêngkulên.

--- 465 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKI.

Consulatie-bureau sêsakit paru. Awit saking ada-adanipun Plaatselijke comite voor het Roode Kruis ing Bogor, ingkang kacêkak nama Roode Kruis ngêdêgakên Consulatie-bureau tumrap tiyang sakit t.b.c. Têtiyang ingkang jêjampi mriku namung ambayar sakêdhik sangêt, miturut kakiyatanipun. Ingkang mangagêngi Dr. van Joost kabiyantu Dr. Sudirman.

[Grafik]

Internaat Batavia. Inginggil punika gambar gêdhong Internaat Batavia ingkang nêmbe rampung panggarapipun, manggèn wontên ing Drossaersweg 95 saha sampun kabikak nalika dintên Saptu kêpêngkêr, ugi mawi upacara sawatawis, dipun jênêngi ing para agêng kathah punapadene para wêwakiling sêrat kabar. Waragadipun damêl gêdhong Internaat wau têlas f 30.000.

Pangajêng Internaat wau sapunika: P.A.A. Jayadiningrat, pangarsa kaurmatan, J.H. Antonisse, pangarsa (sapunika nuju verlof). J. Kayadu, wakil pangarsa, M.H. Thamrin, panitra, lan ngrangkêp artaka, M. Kadirun lan R. Suanda, warga.

Internaat wau ing dalêm sawulanipun mupu bea f 20,-ing sabên lare, saha botên ambedakakên bangsa punapa kemawon.

Raad van Indie mêling kursi dhatêng Ambachtsschool Sêmarang. Murid-murid Ambachtsschool golongan tukang kajêng, tampi wêlingan kursi saking kantor Raad van Indie ing Bêtawi, cacah 15 iji. Kursi wau kajêng jati, ing tanganan ngangge kajêng sanakêling (kajêng cêmêng). Inggilipun kirang-langkung 5 dm. Kursi wau badhe kagêm manawi nuju parêpatan. Gagraging kursi wau sakalangkung sae.

Congres Muhammadiyah ingkang kaping 24. Muhammadiyah badhe ngawontênakên congrès ing Banjarmasin, kadhawahakên wontên tanggal 15 dumugi tanggal 22 Juli. Limrahipun congrès punika manggèn ing tanah Jawi, nanging tumrap Muhammadiyah manggènipun gêgêntosan, kala taun 1930 wontên Fort de Kock, taun 1932 wontên Makasar, ing sapunika badhe wontên Banjarmasin.

Pest ing Pasisir Lèr. Miturut palapuran, wiwit tanggal 3 dumugi tanggal 30 Maart, wontênipun têtiyang ingkang tiwas katrajang sêsakit pest ing pasisir lèr, tumrap bawah Têgal; onder distrik Adiwera 17, Bojong 12, Balapulang 32, Dukuhturi 17, Lêbaksiu 4, Talang 3, Slawi 39. Pêmalang, onder distrik Pulosari 8, Moga 66, Brêbês, onder distrik Jatibarang 1. Mayit-mayit wau sami kasuntik.

Wangsul saking Suriname. Benjing salêbêtipun wulan Juli ngajêng punika, badhe wontên têtiyang wangsulan saking Suriname cacah 800, sami asli saking tanah Jawi, ingkang sami ngumbara nyambut damêl wontên Suriname. Pamêndhêting tiyang nyambut damêl sampun kèndêl wiwit taun 1931.

Langêndriyan. Benjing malêm Jumuwah tanggal 18/19 April tuwin malêm Saptu tanggal 19/20 April punika, ing gêdhong Schouwburg Sêmarang wontên langêndriyan paring dalêm sampeyan dalêm K.G.P.A.A. Mangkunagoro ing Surakarta. Sintên kemawon kenging ningali kanthi bayaran. Angsal-angsalaning arta badhe kangge ambiyantu kabêtahan kabangsan. Katrangan tumrap babagan punika dhatêng Mr. R. Sastromulyana ing Sêmarang.

Angsal-angsalanipun trèm. Miturut, angsal-angsalanipun trèm Zuztermaatschappijen ing wulan Februari 1935, tumrap: S.C.S. f 129.000.-. ing Februari pêndhakipun f 124.000, dados pinanggih mindhak. S.J.S. f 90.000.-. têtimbanganipun f 120.000.-. O.J.S. f 44.000.-. têtimbanganipun f 48.000.-. S.D.S. f 17.000.-. têtimbanganipun f 18.000.-. Gunggungipun sadaya f 270.000.- têtimbanganipun f 310.000.-. Tumrap S.C.S. petangipun inggih tansah mandhap, ing taun 1929 f 6.051.000.- 1930 f 5.171.000.-. 1931 f 3.783.000.-. 1932 f 3.037.000.-. 1933 f 2.547.000.-. 1934 f 1.984.600.-.

Arta pêcah. Lêbêting arta bolong ing s'Landkas Ngayogya ing taun 1934 wontên f 80.000.-, arta wau lajêng kakintunakên dhatêng Bêtawi. Ing taun punika sampun nglêmpak malih f 24.000,-. Makatên ugi lêbêting arta benggol ing taun 1934 wontên f 15.000.-. Gunggunging arta bolong tuwin benggol ing Bêtawi ngantos pintên-pintên ton.

Matêsi tumindaking sêsêratan. Wontên pawartos, Residhèn Barre badhe tindak papriksa dhatêng saindêngipun tanah Jawi, pêrlu badhe niti dhatêng sawarnining nagari ingkang nindakakên sêsêratan, supados sampun sangêt-sangêt ngêbrèh anggèning damêl sêrat, upaminipun ing bab damêl sêrat têturutan sapanunggilanipun. Manawi sagêd tumindak makatên, tamtu nyuda kaborosan.

Gupêrnur Surakarta. Ing Kraton tuwin Mangkunagaran sampun maargya têtêpipun Tuwan J. Bijleveld. Gupêrnur Ngayogya ngrangkêp makili padamêlanipun Tuwan M.J.J. Treur, Gupêrnur Surakarta ingkang nuju verlof dhatêng nagari Walandi. Tumindaking kêpyakan punika botên mawi pangagêman agêng, namung pêthak kemawon, botên wawimawi. drèl.

Papan anggêgana ing Bêtawi. Ingajêng sampun nate wontên rêmbag, bilih ing Bêtawi badhe dipun wontêni papan anggêgana malih. Ing sapunika wontên pawartos, bab wau sampun dados rêmbag saha sampun dipun sayogyani dening parentah tuwin Raad Kawula. Dene pasitèn ingkang kapilih ing Kêmayoran wetan, kapêndhêt têngah-têngahing kitha Bêtawi. Pasitèn wau sampun katumbas saha panumbasipun badhe kabage tiga, inggih punika Gemeente, Gupêrmèn tuwin K.N.I.L.M.

--- 466 ---

Aneta badhe dipun tumbas dening bank. Wontên pawartos bilih Aneta badhe dipun tumbas dening satunggiling bank. Sanadyan bab punika nama sawêg pawartos, nanging sêrat-sêrat kabar Walandi sampun nyamarakên. Amargi botên rêna manawi ngantos kenging dayaning bank, ingkang pikantukipun tamtu badhe nyudakakên darajating pers. Tuwin sarèhning Aneta punika angsal pitulungan arta saking parentah, tamtunipun parentah ugi badhe anggalih bab punika.

Bupati Banyuwangi gêrah. Kawartosakên, bupati ing Banyuwangi gêrah rêkaos, lajêng kaboyong dhatêng Lawang.

Lampah anggêgana dhatêng Makasar. Wontên pawartos, ing bab wontênipun papan anggêgana ing Makasar sampun dipun sayogyani dening pakarya anggêgana K.N.I.L.M. badhe nindakakên cobèn-cobèn anggêgana ing salêbêtipun 3 wulan saking tanah jawi dhatêng Makasar. Nanging anggènipun miwiti benjing punapa, dèrèng kacariyosakên, amargi ngèngêti dhatêng awoning hawa ing mangsa punika tuwin jangkêping pirantosipun.

Ngèngêtakên tumbas penning sêpedha. Ing wêkdal punika pulisi ing Bêtawi ngêncêngi supados para tiyang ingkang gadhah sêpedha sami tumbas penning ingkang kangge ing taun punika. Para pulisi ingkang tumindak ing damêl nyêgati wontên ing margi-margi. Miturut pêpetangan kintên-kintên têtiyang ingkang dèrèng tumbas penning wontên 40.000. Nanging sarèhning mangsanipun nuju kados makatên, tumindakipun inggih mêksa rêndhêt sangêt.

Ambegal jalaran kêluwèn. Ing margi laladan Bumiayu, Brêbês nuju ing wanci dalu wontên tiyang anggrobag momot jagung dipun êndhêg ing tiyang sawatawis, lajêng mêndhêt jagung sawatawis gèdhèng. Tiyang ingkang anggrobag ajrih, wusana lajêng lapur dhatêng asistèn wêdana Guyangan. Bab punika asistèn wêdana lajêng nindakakên papriksan, sagêd nyêpêng durjananipun. Sarêng dipun priksa ngakên, dene anggènipun gadhah tindak makatên punika jalaran saking kêpèpèt, sampun pintên-pintên dintên botên nêdha.

Mêsin ès mirah. Para sudagar ès ing Surabaya sami sêsambat, malah ngantos sêsambat dhatêng parentah, supados mranata ing bab pandamêling ès. Wontênipun makatên, amargi wontên bangsa Jêpan sade mêsin ès alit, rêginipun mirah, tur tumindakipun sae. Mêsin wau kenging kangge damêl ès putêr tuwin ès lilin. Sakêdhap kemawon ing Surabaya sampun wontên panggaotan kados makatên nêm panggenan. Ing bab punika wontên pawartos, parentah lajêng nindakakên papriksan.

Congrès P.P.K. ing Surakarta. Kala tanggal 5, 6 wulan punika P(erkumpulan) P(egawai) K(elurahan) ing Surakarta ngawontênakên congrès wontên ing Habiproyo. Warga ingkang dhatêng kirang langkung 3000, kalêbêt ingkang èstri. Para pangagêng tuwin para luhur ingkang rawuh namung sawatawis, kalêbêt utusan dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana. Wosing rêmbag, P.P.K. nêdya anjagi tata têntrêming nagari tuwin rakyat. Tumindak sêtya dhatêng kraton tuwin nagari Surakarta dalah rakyatipun, kangge tandhaning pamoring gusti lan kawula. Salajêngipun para warga P.P.K. kaparêngakên malêbêt dhatêng kraton.

Emas ing Bantên kidul. Dumuginipun ing sapunika, sampun kathah badhening êmas saking Bantên kidul ingkang kapriksa wontên ing kabudidayan êmas ing Simau, nanging pinanggihipun sami kemawon kados ingkang dipun pêndhêt dening pakaryan pamelikan ingajêng. Ing sapunika sawêg nindakakên panimbang ing bab rêginipun, amargi manggènipun wontên ngandhap sangêt, kêdah nindakakên padamêlan warni-warni. Sasampunipun salêsih sawêg sagêd nêtêpakên kalajêngakên anggènipun madosi punapa botên.

Sakatèn ing Surakarta. Sakatèn ing Surakarta sampun cêlak, benjing ing wulan Juni 1935, laminipun 11 dintên. Ing sapunika sampun wiwit tata-tata ngangkat ingkang dados kumisi, inggih punika: pangarsa I B.K.P.A. Kusumayuda, pangarsa II B.K.P.A. Adiwijoyo, panitra I K.P. Haryopanular, panitra II R.Ng. Kartosupono, artaka K.R.A. Suryaningrat. Ing salêbêtipun sakatèn wau nyarêngi congresing Nationaal Onderwijs tuwin Perdi, wontên ing tanggal 8, 9 tuwin 10.

Anggêgana sanginggiling lautan Tiongkok. Sampun sawatawis dintên wontên motor mabur Dornier anggêgana dhatêng sanginggiling lautan Tiongkok kidul. Motor mabur wau badhe mampir Pontianak tuwin Tanjung Pinang. Ing salêbêtipun dintên agêng Paschen kèndêl ing Tanjung Pinang. Ing tanggalipun 27 April wangsul dhatêng Surabaya.

Toko Onderlinge Hulp ambruk. Wontên pawartos, toko Onderlinge Hulp, satunggiling toko agêng ing Bêtawi, pinanggih nandhang kapitunan. Sarêng kawontênakên parêpataning para ingkang anggadhahi aandeel, pawitaning toko wau ingkang ical sampun langkung 75%. Mila lajêng ngawontênakên papriksan badhe ngambruk kemawon.

NAGARI WALANDI.

[Grafik]

Kasangsaran mêsin mabur K.L.M. "Leeuwerik". Kados sampun sumêbar ing pundi-pundi mênggah ing pawartosipun mêsin mabur K.L.M. Leeuwerik dhawah rêmuk wontên ing Westfalen, inggih punika margi saantawisipun Amsterdam-Praag, ingkang nêmbe kabikak enggal nalika tangagltanggal. 1 April wulan punika. Juru gêgana dalah para ingkang sami numpak têtiyang tuwin sadaya sami tiwas. Gambar nginggil punika salah satunggiling juru gêgana Tuwan Sur ingkang tiwas.

AMERIKA.

President Amerika Roosevelt badhe dipun cidra. Kawartosakên, President Roosevelt nalika tindak dhatêng New York nitih sêpur mirunggan, wontên ing Noor-Carolina sêpuripun nubruk auto ingkang kèndêl wontên satêngahing ril. Sanalika masinisipun ngèndêlakên sêpur, botên wontên kasangsaran. Dene katranganipun auto wau asli colongan, pancèn dipun jarag dipun pasang wontên ingriku. Tiyang ingkang gadhah tindak makatên wau oncad.

--- 467 ---

Wêwaosan

Wangsulipun Tarsan

Piridan saking buku karanganipun Tuwan Edgar Rice Burroughs.

3

Grapdhêkudhe amangsuli: Mugi-mugi panjênêngan tansah tinêbihna saking bêbaya. Ewasamantên panyuwun kula, mugi-mugi panjênêngan kêdah tansah ngatos-atos tuwin kêdah tansah ngèngêtana, bilih mêngsah panjênêngan ing samangke wêwah sakêdhik-sakêdhikipun satunggal, ingkang botên nate supe sarta tanpa gadhah pangapungara,pangapura,. punapadene tanpa kèndêl anggènipun tansah manah-manah caranipun badhe adamêl piawon dhatêng tiyang ingkang kumawani ngalang-alangi pandamêlipun sarta ngina tuwin nyapèlèkakên dhatêng piyambakipun. Saking awoning kalakuanipun Rokop punika, saupami piyambakipun wau kula samèkakên setan, punika sayêktosipun nama satunggiling pangina tumrap para setan.

Sarêng ing dalun punika Tarsan lumêbêt ing kamaripun piyambak, wontên ing jarambah piyambakipun manggih sêrat lêmpitan, ingkang kintên-kintên lumêbêtipun ing kamar ngriku kaslorokakên mêdal ing ngandhap kori. Sêrat lajêng kabikak saha kawaos. Mênggah isining sêrat wau kirang langkung makatên:

Tuwan Tarsan, bokmanawi panjênêngan botên mangrêtos dhatêng punapa ingkang panjênêngan tindakakên, saupami mangrêtosa, kintên-kintên panjênêngan botên badhe nindakakên kados ing kala wau punika. Kula sagah angakêni, bilih anggèn panjênêngan tumindak makatên wau jalaran saking botên uninga, sarta mila botên kagungan sêdya badhe ngina utawi ngrèmèhakên dhatêng kula, jalaran saking punika, manawi salajêngipun panjênêngan botên badhe ngarubiru dhatêng prakawis kula malih, kula sagah botên badhe kadospundi-kadospundi dhatêng panjênêngan.

Kasok wangsulipun - nanging kula sagêd nêmtokakên bilih panjênêngan badhe nguningani piyambak, inggih punika: utaminipun manawi panjênêngan miturut rêmbag kula wau.

Saking kula: Nikolas Rokop.

Sasampunipun maos sêrat wau, Tarsan amung lajêng mèsêm kemawon, sarta prakawis wau botên pisan-pisan kalêbêtakên ing manahipun, lan botên watawis dangu malih piyambakipun lajêng mapan tilêm.

Ing salêbêtipun kamar botên têbih saking ngriku, Grapdhêkudhe sawêg ngandikan kalihan ingkang garwa.

Ingkang garwa nyuwun pitakèn: Raol (Raoul), genea polatan panjênêngan katon sêrêng. Sasore kiyi katone kayadene panjênêngan iku nandhang prihatos. Apa sing dadi japarane.jalarane.

Ingkang raka: Olga. Nikolas ana ing sajêroning kapal iki. Apa kowe sumurup.

Kanthi kagèt ingkang rayi matur: Nikolas ana ing kene. Mokal. Sabab dhèwèke iki kacêkêl ana ing Jêrman.

Grapdhêkudhe: Ing sakawit gagasanaku mula iya mêngkono, nganti tumêkane ing mau barêng aku kêtêmu dhèwèke, dhèwèke karo kancane bajingan kang aran: Polwic, Olga, aku wis ora tahan manèh marang carane dhèwèke anggone tansah nguncit-uncit nyang aku kiyi. Aku mêksa ora tahan, sanajan sapira bae wêlasku mênyang kowe. Suwe-suwe aku kapêksa kudu masrahake dhèwèke marang ingkang wajib. Pancène mono aku dhèk mau mèh anduwèni niyat, sadurunge mudhun saka prau, nyaritakake apa anane marang kaptining kapal. Saupama ana ing kapal Prancis mangkono, prakara kang kaya mangkene iki gampang anggone ngurus.

Sarwi nyandhak astanipun ingkang raka, sang putri lajêng matur ngarih-arih makatên: Raol, ambok aja, èngêta jangji panjênêngan mênyang aku. Ngandikaa, yèn panjênêngan ora nêdya nindakake apa-apa, malah panyuwunku, aja pisan-pisan panjênêngan nganti ngancam mênyang dhèwèke.

Sang Grap lajêng nyêpêng astanipun ingkang garwa saha amriksani ngantos sawatawis dangu, ing kala punika wadananipun sang putri katingal pucêt sangêt. Agênging wêlasipun Sang Grap dhatêng ingkang garwa, tanpa upami, ing wusana Sang Grap lajêng ngandika makatên:

Iya bêcik, yèn mangkono muguhmungguh. kang dadi karêpmu. Ewasamono aku mêksa ora ngrêti babar pisan. Pancèn-pancène, jalaran saka tingkah lakune kang ora bêcik mau, kowe ora prêlu trêsna lan asih manèh marang dhèwèke, awit dhèwèke iki tansah ngancam marang uripmu, apadene uripe bojomu dhewe. Kang iku pangarêp-arêpku, muga-muga ing têmbe aja nganti kowe gêtun, dene kowe tansah angrewangi dhèwèke mau.

Kanthi gugup sang putri matur: Ora mangkono aku, Raol, sêngitku padha bae karo panjênêngan, mung bae ing sarèhne tunggal gêtih ...

--- 468 ---

Kanthi duka Sang Grap garundêlan: Iba bungahing atiku saupama dhèwèkne gêlêma ngèlingi kang mangkono mau. Dhèwèke lan kancane mau dhèk mau nyoba arêp gawe alaning jênêngku: Olga. Salajêngipun Sang Grap lajêng ngandikakên dhatêng ingkang rayi sadaya ingkang sampun kalampahan wontên ing salêbêtipun kamar sês, ing salajêngipun dhawuh pangandikanipun Sang Grap: Saupama ora ana wong nonoman mau kira-kiraku kalakon aku kawirangan, sabab sapa sing arêp prêcaya marang kandhaku, awit ing kono wis ana buktine kang sah, yaiku: krêtu-krêtu kang ana ing sajêroning kanthonganing jasku. Malah aku dhewe wis rada bingung, tujune Tuwan Tarsan mau banjur têka karo nyèrèt Nikolas Rokop, sarta banjur anêrangake kaanane pitnahan mau.

Mirêng namanipun Tarsan wau, ingkang garwa katingal gumun saha lajêng nyuwun pitakèn: Tuwan Tarsan.

Sang Grap: Iya. Apa kowe têpung nyang dhèwèke, Olga.

Sang Putri: Ora, nanging aku wêruh marang wong kang jênênge Tarsan iku. Salah sawijining jongos ana sing nuduhi nyang aku.

Sang Grap: Aku ora ngira babar pisan, yèn dhèwèke iki bangsaning ngaluhur, têka nganti ana jongos sing awèh wêruh nyang kowe.

Ing ngriku Sang Putri lajêng ngandikakakên ing bab sanès. Awit sanalika ngriku Sang Putri lajêng mangrêtos bilih angèl anggènipun badhe ngaturi katêrangan dhatêng ingkang raka, sabab-sababipun dene jongos lajêng ngaturi priksa dhatêng panjênênganipun ing bab Tarsan wau. Bokmanawi ing kala punika Sang Putri katingal lingsêm, sabab ingkang raka anggènipun mriksani ing sêmu ragi ngerang-erang. Amila ing batos sang putri ngudaraos makatên: Têka mangkene rasane wong kang duwe salah iku, sanajan salahe ora sêpiraa.

Bab II.

Enjingipun sampun sawatawis siyang, anggènipun Tarsan pinanggih malih kalihan kônca-kancanipun ingkang sami numpak baita, ing kala punika ujug-ujug piyambakipun pinanggih kalihan Rokop tuwin Polwic, ingkang têmtu sagêd andadosakên kagètipun, saupami tiyang kêkalih wau nyumêrêpana, awit tiyang kêkalih wau botên nyana-nyana bilih ing wêkdal punika badhe kaprêgok Tarsan.

Rokop kalihan kancanipun ing kala punika wontên ing peranganing êdhèg ingkang sêpên, lan nalikanipun Tarsan amrêgoki tiyang kêkalih wau, sawêg rêrêmbagan upyuk kalihan satunggiling wanita. Sanalika Tarsan sagêd amastani, bilih tiyang èstri ingkang sawêg dipun ajak wawan rêmbag wau, taksih neneman, tur karêngga ing busana, dêdêg-piadêgipun lêncir, nanging ngangge krudhuk ingkang anjalari wadananipun botên katingal.

Tiyang jalêr kêkalih punika ngadêg jajar kalihan wanita wau, nanging ngukurakênngungkurakên. Tarsan, amila Tarsan sagêd anyêlaki mriku tanpa kasumêrêpan dening tiyang tiga wau, ing ngriku Tarsan sumêrêp, bilih Rokop sêmunipun angancam. Nanging tiga-tiganipun migunakakên basa, ingkang botên dipun rêtosimangrêtosi. dening Tarsan, ingkang punika Tarsan amung sagêd mangrêtos saking solah bawanipun, bilih wanita wau anggadhahi ajrih.

Saking tandang tandukipun Rokop ing ngriku cêtha, bilih piyambakipun niyat badhe ngrodapêksa dhatêng wanita wau, lan Tarsan tanpa wontên ingkang ngosikakên kadosdene kraos, bilih wanita wau wontên ing salêbêtipun bêbaya, amila piyambakipun lajêng kèndêl wontên ing sawingkingipun tiyang tiga wau. Botên watawis dangu Rokop ujug-ujug nyandhak tanganipun wanita wau sarta lajêng kapuntir, kadosdene piyambakipun badhe ngrodapêksa. Kadospundi ing têmbe badhe kadadosanipun, saupami Rokop dipun êjorakênêjarakên. kemawon, ing ngriki botên sagêd kakinkên-kintên,kakintên-kintên. awit pun Rokop botên sagêd nindakakên kados ingkang dipun kajêngakên. Jalaran ing kala punika tanganipun ujug-ujug dipun cêpêngi kanthi kêncêng sangêt saha lajêng kapuntir, ingkang anjalari piyambakipun lajêng ajêng-ajêngan kalihan tiyang neneman, ingkang ngalang-alangi tindakipun kala dintên ingkang kapêngkêr.

Kanthi nêpsu Rokop anjêlih makatên: I ladalah. Sampeyan badhe punapa, bokmanawi sampeyan punika pancèn gêndhêng, dene kumapurun ngina dhatêng Rokop ngantos rambah kaping kalih.

Tarsan amangsuli alon: Punika wangsulan kula tumrap sêrat sampeyan, tuwan. Sasampunipun cariyos makatên, Rokop lajêng kauncalakên sakiyatipun, ngantos dhawah kantêp ing jrambah.

Kanthi ambêngok Rokop awicantên: Basat,Bangsat. kalakon ilang nyawamu. Sanalika punika Rokop gregah tangi nêdya mêndhêt pistolipun. Kanthi kagèt sarta kamigilan, tiyang èstri wau mundur sarwi abêngok-bêngok makatên: Nikolas, aja, aja. Tuwan, tuwan, panjênêngan kula aturi lumajêng, botên wande panjênêngan tamtu dipun pêjahi. Pancènipun Tarsan kêdah lumajêng, nanging malah lajêng nyakêti Rokop sarwi wicantên: Yah, tuwan, bok sampun kados lare.

Jalaran saking pandamêlipun tiyang neneman punika, nêpsunipun Rokop ing samangke tanpa upami, ing wusana sagêd mêndhêt pistulipun saha lajêng kaincêrakên dhatêng Tarsan. Nanging dèrèng ngantos sagêd narik cêkrèkaning pistulipun, kanthi rikat sangêt tanganipun ujug-ujug kacandhak ing Tarsan saha lajêng kapuntir, ngantos anjalari pistulipun dhawah têbih, gumlundhung dhawah ing sagantên.

Sakêdhap tiyang kalih wau sami pandêng-pandêngan, samangke Rokop sampun sawatawis sabar, saha lajêng wicantên makatên: Badhe kasambêtan.

--- 53 ---

Nomêr 14, taun V

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu

Wong kang Bisa Gêgawean

Kang tinêmu ana ing pangajaraning bocah cilik kang wiwit lagi sêkolah, iku adhakan diajari bangsaning gêgawean lêmpit-lêmpit dêluwang, mêngko tinêmune banjur dadi pêpêthan warna-warna, ana kang wujud topi, praon, wadhah lan liya-liyane.

Bocah kang diajar gêgawean kaya mangkono mau iya banjur ketok anggone prigêl sarta banjur dadi bocah kang dhêmên thak-thik.

Tumraping bocah, adhakane kang didhêmêni gawe praon utawa topi, malah topi mau adhakane sok dianggo. Saya yèn nuju ana rame-rame ing pamulangan akèh bocah kang nganggo topi dluwang kang wangune lincip. Iku gêdhening atining bocah ora kira-kira.

Dadi lumrahe topi kang kaya ngono mau anggon-anggoning bocah, dadi mung tumônja dolanan lan lumrahe kang digawe dluwang layang kabar. Nanging ing saiki tumraping nyonyah-nyonyah utawa nonah-nonah bôngsa ngamônca ana kang gawe gagrag nganggo topi dluwang layang kabar, panggawene manut sasênênge, kaya kang kacêtha ing gambar.

[Grafik]

Tindak kang kaya mangkono mau, mêsthine dianggêp kaya mung dolanan bae, nanging suwe-suwe bisa uga dadi lumrah, lan yèn kalakon mangkono, bakal bisa gawe kapitunaning wong adol topi.

Mungguhing bab sandhang panganggo, iku yèn mirid saka kabisane kang gawe, trêkadhang barang kang rèmèh bisa dadi barang kang adi, kaya ta gêlang kalung, iku tumrape bôngsa ngamônca trêkadhang nganggo barang sakênane, nanging panggawene digawe gagrak kang menginake, tinêmune malah ngungkuli barang kang bakale adi.

Mung ya ana bêcike tumrap bocah, yèn gêlêm nganggo kaya ngono mau, kajaba topi mau agawe eyub, iya nyuda wragad têmênan.

--- 54 ---

Sêpur

Bocah-bocah, mêsthine kowe ora wêruh jamane ana sêpur kang kawitan, awit anane sêpur kang kawitan mau ana ing jamane êmbah-êmbahmu, malah trêkadhang jamane êmbahmu buyut.

Mêsthine sêpur ing jaman samana rada akèh kacèke tinimbang sêpur jaman saiki. Dhèk samana lakuning sêpur isih prasaja, têgêse durung rikat bangêt mung èjèg bae. Balik saiki rikating sêpur nganti kaya lakuning kilat, mula banjur diarani sêpur kilat.

Sêpur dhèk jaman biyèn iku lokomotipe cilik mèmpêr yèn ing jamane saiki diarani lokomotip jangkrik.

Dhèk tanggal ping 6 sasi iki, ing Bandhung mêntas ana pasamuwan mung climèn, prêlu mèngêti anggone adêging S.S. wis 60 taun. Ing kono dianakake pasaksèn mungguh undhaking yêyasan wiwit dhèk jaman samana têkane jaman saiki, pasèksène tinêmu ana ing lokomotip loro, kang ana ing gambar iki.

[Grafik]

Yèn mirid wujuding gambar, lokomotip kang cilik iku gawene iplik, upama uwonga panyambutgawene trima alon-alonan, nanging bêtah lan katêkan apa kang dikarêpake.

Dene lokomotip kang gêdhe, wah, iku pancèn mêgah-mêgahake, yèn butaa pantêse Kumbakarna, trajange sarwa nyamari, dene upama satriyaa iya Radèn Wrêkudara, gêdhe dhuwur sarwa santosa, dhasar yèn lumaku ngêsês kaya angin, saka Batawi nyang Surabaya mung sadina. Môngka dhèk biyèn isih lakon rong dina, iku wis sêpur kang lakune rikat, yèn kang thruthuk isih têlung dina.

Yèn nonton wujuding lokomotip kang gêdhe mau, mêsthine uwong ora bisa maido mênyang rikating lakune. Saka rikating lakune mau, tumrape sêpur kang diarani sêpur kilat, manawa nuju mlaku ana têngah-têngahing dalan, prasasat mung sakêdhepan wis ilang.

Coba pandhingên rak saksat ora timbang.

--- 55 ---

Yasan kang Anèh

Padha-padha gêgawean, ing Amerikah iku kêrêp aka kang anèh-anèh, kaya ta gawe omah kang lotènge sungsun-sungsun dhuwur bangêt, nganti dibasakake sundhul langit.

[Grafik]

Jare omah kang kaya ngono mau, jalaran saka dhuwure, lakuning wong kang munggah mudhun ditindakake kalawan mêsin kang diarani lift. Dene kaanane ing sajroning omah mau, apa-apa sarwa ana, pajajanan, panggonan kasênêngan, malah kantor pos wis dianani dhewe.

Yèn mangkono bôngsa Amerikah iku upama ajaa nyata, mêsthi diarani tukang umuk, awit apa-apane mung sarwa ora lumrah, waton anèh.

Ing gambar iki ana yêyasan anèh, yaiku èrèng-èrèng gunung dipêtha mastakaning para presidhèn ing Amerikah. Dene kang kacêtha ing gambar iki, mastakane presidhèn Lincoln. Coba piridên karo gêdhening wong kang padha nyambutgawe.

--- 56 ---

Sangsara Anggawa Bêgja.

Dongèng.

VII.

Ambalèni carita ing ngarêp, barêng Duryat wis tômpa blônja saka prabu anom, rina wêngi mung tansah bungah-bungah bae, ora ngetung sayah lan arip. Cêkake apa kasênêngan ing donya, wis dilakoni kabèh. Yèn ngèlingi tindake Sang Pangeran kang loman mau, Duryat krasa gumun ing sajroning ati, awit dhèwèke rumasa durung tau kêpêthuk, dalah wêruh bae lagi sapisan, yakuwi dhèk ditimbali ana ing patamanan biyèn. Ing wasana tanpa kanyana-nyana, ujug-ujug dhèwèke banjur diparingi ganjaran kang ora sathithik pangajine. Kang mangkono mau mêsthi ana jalarane. Duryat kapengin sumurup mungguh sing dadi jalaran mau, mulane banjur sowan mênyang kraton, nêdya nyuwun priksa bab iku. Kabênêran, prabu anom lagi lênggahan ana ing pandhapa karo sang putri, barêng priksa sowane Duryat, banjur didhawuhi mlêbu, lan didangu apa sêdyane. Duryat uga banjur ngaturake wigatine anggone sowan iku.

Sang Pangeran mirêng ature Duryat iku banjur mèsêm, nuli ngandika: O, dadi kowe kapengin mangrêti bab iku, ta. Sumurupa Duryat, anggonku pêparing kang akèh-akèh marang kowe iku, ora marga saka sabab apa-apa mung kêtarik saka wêlas thok. Awit wis dadi adatku, rêsêp yèn andêlêng wong nonoman kang srêgêp ngaji, kaya kowe iku.

Wangsulan kang mangkono iku ora andadèkake pamarêming atine Duryat, awit mokal yèn mung jalaran saka wêlas bae, nganti krêsa maringi blônja ing sabên sasi f. 300.-. mêsthi ana sabab liyane manèh sing luwih maton. Mula banjur matur manèh sêmu mêksa, nyuwun dijatènana ing sabênêre.

Suwe-suwe Prabu Anom banjur walèh, pangandikane: Yèn kowe adrêng anggonmu kapengin wêruh, ya bakal dak jarwani, nanging poma, aja kok warak-warakake ing liyan. Mungguh satêmêne aku iki kancamu dhewe, yakuwi Drajat, sing kocêmplungake ing sumur dhèk ana ing dalan biyèn. Ana ing jêro sumur kono aku ora mati, awit banjur ditulungi wong diêntasake munggah. Dene bisaku nganti kaya mangkene iki amarga saka pitulungane setan loro. Sang pangeran banjur ngandharake lêlakone miwiti nganti mêkasi, Duryat olèhe ngrungokake anjingglêng, lan bangêt ing gumune, ora ngira yèn sang pangeran iku sajatine Si Drajat, yakuwi kancane sing dikuya-kuya biyèn. Nalika dicêmplungake sumur dhèk samana, dikira wis mati bae, jêbul ora, malah saiki nêmu kamulyan, dipundhut mantu ratu gêdhe, lan calone iya bakal dadi raja. Rèhning Duryat pancèn dhasare ala, sanalika iku uga banjur kêtuwuhan ati mèri, kapengin nelad lakune Drajat mau. Badhe kasambêtan.

Wahab. Tulakan Pacitan.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Bôngsacara - Ragapadmi

Jaman kina ing pulo Madura wontên ingkang jumênêng nata, nama Prabu Bidarba, patihipun nama Bôngsapati. Sang prabu garwanipun kathah, wontên satunggal ingkang sakit katrapên, sampun lami botên saras-saras, nama Ragapadmi. Sang dèwi dipun trimakakên dhatêng punakawan kêkasih nama Bôngsacara, lajêng kabêkta mantuk dhatêng dhusun, dipun opèni bok rôndha, tiyang sêpuhipun Bôngsacara.

Ragapadmi dipun jampèni bok rôndha, sagêd mantun, warninipun pulih kados waunipun, ayu kados widadari. Bôngsacara langkung sihipun.

Kacariyos Patih Bôngsapati, sumêrêp Bôngsacara gadhah bojo sakalangkung ayu, bêntèr manahipun, lajêng wadul dhatêng sang prabu. Prabu Bidarba ngandika: Rumiyin Bôngsacara pancèn dipun trimani. Ki patih mêksa munjuk, bilih tiyang èstri wau botên pantês dados bojoning abdi, ingkang pantês mêngku namung ratu. Bôngsapati sagah misahakên tiyang èstri wau kalihan ingkang jalêr. Sang prabu dhawuh karsa andhahar aturing patih, nanging mawi ancaman, yèn botên kalêksanan, awrat ukumanipun.

Patih Bôngsapati lajêng dhatêng griyanipun Bôngsacara, ngakên ngêmban timbalanipun sang prabu, Bôngsacara kadhawuhan ambêbêdhag sangsam dhatêng pulo Mandhangin. Bôngsacara lajêng bidhal, ambêkta sagawon kalih: caplok lan tandhuk. Enggalipun sampun dumugi pulo Mandhangin, sakêdhap kemawon sampun angsal sangsam kathah. Lajêng kêtungka dhatêngipun Patih Bôngsapati, ngakên dipun utus sang prabu mundhut pêjahipun Bôngsacara. Bôngsacara manut kemawon.

Sagawon kêkalih sumêrêp bandaranipun pêjah, lumajêng mantuk, nyasmitani bandaranipun èstri. Ragapadmi mangrêtos, lajêng nusul. Dumugi ing pulo Mandhangin, ngrungkêbi layonipun ingkang jalêr sarta lajêng bela suduk sarira. Sagawon kêkalih ugi bela pêjah sarana mêrang sukunipun mawi patrêm ingkang tumancêp ing dhadhaning lurahipun èstri.

Patih Bôngsapati wangsul saking Mandhangin lajêng munjuk sang prabu bilih Bôngsacara sampun pêjah. Lajêng dipun dhawuhi amboyongi Ragapadmi. Ki patih botên sagêd angsal damêl, botên sagêd kêpanggih kalihan Ragapadmi. Prabu Bidarba duka, ki patih dipun pêjahi.

Wontên satunggaling juragan, kêtêlasan pawitan, ngantos botên sagêd nindakakên padamêlanipun. Prabu Bidarba lajêng maringi barang-barang dagangan dhatêng ki sudagar wau, sarta dhawuh kapurih dagang layar malih. Ki sudagar angèstokakên dhawuh, lajêng bidhal. Dumugi ing pulo Mandhangin labuh, prêlu mêndhêt toya. Ing ngriku manggih mayit kêkalih jalêr èstri, tuwin bangke sagawon kêkalih. Sadaya wau lajêng dipun pêndhêm. Awit miurutmiturut. cariyosipun para sêpuh: manawi manggih mayit botên lajêng dipun pêndhêm, botên sae kadadosanipun. Ki sudagar sakônca nglajêngakên lampahipun dhatêng Palembang, lampahipun sakeca, enggal dumugi.

Kacariyos, daganganipun enggal pajêng, kathah bathinipun. Ki sudagar lajêng wangsul, ambêkta êmas kathah sangêt, katur dhatêng Prabu Bidarba. Ki sudagar botên kêsupèn angandharakên anggènipun mêndhêm mayit wontên pulo Mandhangin, sang prabu ngungun dene angsalipun êmas kathah sangêt, andadosakên kasugihanipun sang prabu sakawulanipun. Wusana sang prabu lajêng dhawuh yasa cungkup kangge andandosi kuburanipun Bôngsacara - Ragapadmi. Mawi dipun jênêngi piyambak, kuburan wau ngantos sapriki dados panyadranan.

Makatên cêkakanipun cariyos Bôngsacara - Ragapadmi wêdalan Bale Pustaka.

Sêrat wau kaanggit mawi sêkar macapat, basanipun prasaja, gampil panyuraosipun. Cariyosipun anêngsêmakên.

Rêginipun namung ... f 0.30.