Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-05, #1805

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1935, #1805
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-01, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1483.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-02, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1484.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-03, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1485.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-04, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1486.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-05, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1487.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-06, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1488.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-07, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1489.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-08, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1490.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-09, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1491.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-10, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1492.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-11, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1493.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-12, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1494.

Ôngka 34, Rê Kli, 27 Sura Jimakir 1866, 1 Mèi 1935, Taun X

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [533] ---

Ôngka 34, Rê Kli, 27 Sura Jimakir 1866, 1 Mèi 1935, Taun X

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining Kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Jurungarang - Administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Kadhaton t'Loo - Sri Paduka Prinses Juliana - TabBab. Panjaginipun Kasarasan Wontên ing Kampung - Kawontênan ing Gunungkidul - Bab Wanita kalihan Sanjan - Praja-praja Islam - Bab Panampi Radhio - Kabar Warni-warni - Wêwaosan.

Kadhaton 't Loo.

[Grafik]

Pasanggrahan Dalêm Sri Bagendha Maharaja Putri Wilhèlminah, ing t' Loo.

--- 534 ---

Sri Paduka Prinsès JULIANA.

[Grafik]

Ing dintên Salasa tanggal 30 wulan April 1935 punika, kalêrês dintên wiyosan dalêm Sri Paduka Prinsès Juliana, têtêp yuswa 26 taun. Dumuginipun titimôngsa punika, asma dalêm Sri Paduka Prinsès Juliana saya misuwur dene kathah gêgayutanipun babagan kamajêngan tuwin sanès-sanèsipun, ing pamuji mugi dinirgakna ing yuswa, sampun kirang satunggal punapa.

--- 535 ---

Bab Kasarasan

Bab Panjaginipun Kasarasan wontên ing Kampung

Sambêtipun Kajawèn nomêr 32.

Yèn sampun kraos tuwuk inggih sampun kêdah kèndêl, sampun dumèh wontên têtêdhan eca, nêdhanipun dipun lajêngakên, punika mangke dados kêkathahên, kêtuwukên, tilêm botên sagêd sakeca, awit ing wêtêng kraos kêmlakarên, sêbah sêsêg badan kraos bêntèr.

Upami têtêdhan wau ingkang sampun ngandhut pêthaking tigan, gajih, pathi, toya sarêm lan kapur dipun ratêngi, nanging botên dipun bumboni, tiyang ingkang nêdha têtêdhan wau botên ngantos sapintêna nêdhanipun sampun jêlèh utawi botên doyan. Sanajan têtêdhan wau mêntahipun tarkadhang sampun gadhah ambêt arum utawi mambêt sêgêr, nanging manawi dipun bumboni mêksa langkung eca raosipun, awit bumbu wau sagêd andayani utawi narik wêdalipun idu, utawi sanèsipun ingkang lajêng sagêd ngulêt lan ngêjur têtêdhan ing wadhuk lan ing usus.

Sawêg ningali utawi anggônda têtêdhan ingkang pèni sêgêr eca, sampun sagêd ngêdalakên idu kathah ingkang dipun wastani kêmêcêr, langkung-langkung yèn kenging utawi sagêd anggènipun ambumboni.

Wontên sanès pakarêman ingkang botên katêdha, inggih punika: kopi, tèh, alkohol lan sata, ingkang dipun ombe utawi dipun êmut utawi dipun êsês, sanalika sagêd adamêl sêgêring badan. Namung alkohol ingkang botên kalêbêt golongan têtêdhan utawi ombèn-ombèn limrah, awit kathah rêginipun tur yèn kêkathahên anggènipun ngombe sagêd ngrisak badan.

Sanajan pakarêman wau dipun têdha, dipun ombe utawi dipun êsês, saha sagêd nyêgêrakên badan sanalika, nanging manawi dipun kulinakakên sagêd nagihi.

Mila saangsal-angsal tiyang punika sagêda nyandhêt utawi nyêgah sampun ngantos kathah utawi ngulinakakên anggènipun nêdha utawi ngombe pakarêman wau, langkung-langkung lare, botên kenging utawi kêdah dipun awisi ngombe alkohol utawi êsês sata wau.

Badan kêdah dipun jagi rêsikipun.

Badan punika tansah angêdalakên rêrêgêd inggih dat ingkang tumrap badan sampun botên wontên paedahipun. Dene marginipun warni-warni, kadosta: sarana napas (ambêgan) utawi mêdal ing kulit. Kulit punika kêbak bolongan alit-alit ingkang minôngka cangkêmipun pipa alit-alit, ingkang gandhèng kalihan margi êrah. Saking alitipun bolongan wau ngantos botên kasat mata, kulit sawiyaripun sèn-sènan punika bolonganipun botên kirang satus, pipa-pipa wau dados margining toya ingkang ambucal rêrêgêd saking salêbêting badan, punika têrus tumindak tanpa kèndêl, inggih toya wau punika ingkang dipun wastani kringêt.

Manawi tiyang ngebahakên badan sangêt utawi nyambutdamêl [nyam...]

--- 536 ---

[...butdamêl] awrat, wêdaling kringêt saya dêrês.

Badan punika anggènipun ngêdalakên kringêt ing sadintênipun wontên satunggal gêlas agêng.

Toya kringêt punika ngandhut rêrêgêd ingkang botên sae tumrapipun badan, kringêt wau manawi botên sagêd mêdal, sagêd dados wisa, mila kêdah mêdal, dene marginipun inggih saking bolongan alit-alit wau.

[Grafik]

Murid-murid sêkolah nuju sinau ulah raga ngebahakên badan.

Awit saking punika kêdah kajagi supados cangkêm-cangkêm wau tansah mênga.

Panjaginipun sarana dipun rêsiki, amargi manawi botên dipun rêsiki rêrêgêd sagêd ambuntoni bolongan cangkêm pipa kringêt wau.

Mênggah rêrêgêd wau, aslinipun kajawi kabêkta ing kringêt saking salêbêting badan ugi saking jawi, inggih punika saking blêdug utawi saking sêsenggolan kalihan barang rêgêd. Mila sadaya barang ingkang magêpokan kalihan badan, kados ta pangangge bantal lan sapanunggilanipun, punika kêdah tansah rêsik. Rêgêd ingkang tumèmplèk ing kulit punika sagêd lumêbêt ing badan sarana cangkêm-cangkêm wau.

Tandhanipun jampi punika panganggenipun wontên ingkang namung sarana kaborèhakên utawi kablonyokakên ing badan, ewadene dayanipun inggih sagêd dumugi ing salêbêting badan, punika mratandhani manawi sarinipun jampi lumêbêt ing badan, lumêbêtipun wau botên sanès inggih mêdal ing cangkêm-cangkêm wau.

Lare alit ingkang krêminên punika jalaran badanipun kalêbêtan krêmi ingkang mlêbêtipun mêdal ing cangkêm katut ing têtêdhan nanging ingkang makatên punika ragi lôngka, dene ingkang kêrêp jalaran lare asring brangkangan utawi gramahan dhatêng pundi-pundi botên prêduli ing panggènan rêgêd lan manawi manggih punapa-punapa adatipun lajêng dipun êmplok. Ananging sanajan botêna mêdal ing cangkêming lare krêmi punika inggih sagêd malêbêt mêdal kulit kados ta cacing pamêlikan. Mila tiyang momong lare wau kêdah prayitna, sampun ngantos lare wau blasakan ing panggenan ingkang rêgêd. Kajawi punika panganggenipun inggih kajagia murih rêsikipun. Ngêmplok tangan utawi ngêmut driji punika supados kaawisana, amargi tangan punika mêsthi kangge anggêpok utawi kangge nyêpêng punapa-punapa, punapa malih tanganing lare têmtu enggal gampil rêgêdipun. Badhe kasambêtan.

R. Sumadirja, Ind. Arts. Kudus.

--- 537 ---

Tanah dalah Tiyangipun

Kawontênan ing Gunungkidul

Sambêtipun Kajawèn nomêr 32.

[Mêgatruh]

kang rinaos gotèke anduduk wuluh / lugu caritaning waris / kalurahan Sawah iku / bawah Panggang ondêr dhistrik / ana kaanan kang elok //

uwong jênêng Sêtradikrama misuwur / kanggonan cêcupu gaib / dene kèhe kabèh têlu / saprene dipundhi-pundhi / pêpundhèn sakèhing uwong //

pinaraban kang gêdhe Sêmartinandhu / kang cilik Si Kênthiwiri / Kalangkinantang kang tanggung / sing digawe bôngsa suci / wujude kalimis atos //

cupu mau tinggalane kang wus surut / êmbah Panjalan kang nami / sabên-sabên môngsa labuh / ngarêpake nyêbar wiji / dinane Salasa Kliwon //

akèh uwong adoh-adoh prêlu rawuh / sawuse satata linggih / kupêng ngêpung ponang cupu / dupa sêkar lan sêsaji / tan lali angadhêp tenong //

sungsun-sungsun mori bêbuntêling cupu / kandêle nganti sakêndhil / dupa tan kêndhat kumutug / gya binuka ingkang mori / cupune katon mêncorot //

gênti-gêntèn sabên uwong ngêlus-êlus / ginêbêg ing asta kalih / cupu têlu kawratan wus / têpung panggêbêge radin / panyawange nganti domblong //

cupu mau bolongane nyumplêng ciyut / inginjên tiniling-tiling / ing kono lamun kadulu / ana wêwulène pari / têtanèn bakal kêwêton //

yèn ing jêro cupu katon isi jagung / jagunge ya bakal dadi / cêkake yèn katon nglumut / ngalamat sugih rêjêki / pangan lumintu tan towong //

lamun suwung pamêtune sawah gabug / yèn ing jêro isi mori / akèh wong tumêkèng lampus / yèn morine tatu gêni / ngalamat kèh omah kobong //

caritane ing desa Mêndhak rumuhun / kalurahan Sawahngardi / ana bocah desa yutun / merang sinêrêng ing wibi / sababe kinêpruk enthong //

nulya minggat sabane sagara kidul / nganti pirang-pirang warsi / kocapa êmbokne mau / lan bapa bangêt rudatin / kaduwung angêpruk enthong //

sigra ngluru pinanggyèng sagara kidul / lagya kungkum nèng jaladri / ingatag mulih tan purun / rinarêpèng yayah wibi / wangsulane pijêr êmoh //

wus kulina si yutun saba nèng banyu / lêlangèn malah bungahi / bapakne angrasa gêmpung / gampang dènnya muring-muring / marang anake kang wangkot //

tan sarônta jupuk jala gupuh-gupuh / anake jinala aglis / mêne wus kêna kapikut / banjur manut milu mulih / bapa byang bungahe kasok //

praptèng mangke wus katêlah namanipun / Simbah Panjalan sêsilih / wit kêna jinala iku / kocap duk nèng têngah margi / si bocah nuli ambêrot //

pamit bali mring sagara arêp jupuk / dolanan kang ditrêsnani / wus linilan nulya sêmprung / tan kocap lampahing margi / baline wus ambêntoyong //

gawa cupu patang iji alus-alus / saprene pinundhi-pundhi / kang tiba Sawah mung têlu / Sêtradikrama amaris / sing siji kaplêsat adoh //

--- 538 ---

tiba waris anèng desa Ngrancah iku / ondêr dhistrik Imagiri / dene cupu Ngrancah mau / katyasane wus sairib / lan kang nèng Mêndhak tan kaot //

wus cinuthêl mêngko salin kang winuwus / bawah klurahan Lêgundhi / Panggang ondêr dhistrikipun / ana gotèk sawatawis / nadyan nora kanthi elok //

[Grafik]

Sawangan ing Parangtritis.

pantês uga pinèngêt caritanipun / satriya trah Majapait / lêlana martapèng gunung / karane ing Glinggamanik / papane rumpil ning ayom //

nusup-nusup ngayam alas munggah mudhun / alang-alang lan pênjalin / bangsane êri kêmarung / rungkud singup padhas curi / sulur oyod pating tlosor //

apêparab Dyan Ragakusuma kasub / sawuse manggon nèng ngardi / pêparabe nulya santun / karan Kyai Gligamanik / papane katêlah ing wong //

Nglinggamanik iku kalanturing têmbung / dene makame suwargi / anèng Sawah rada dhusun / wana Warakngampèl nênggih / ana manèh nunggal criyos //

satriya trah Majapait andon laku / apêparab kyai gusti / barêng dhêdhukuh nèng gunung / karan Kyai Barubaning / sumare nèng mêndhak kono //

ing samêngko Gambirawati winuwus / cêdhak karo Parangtritis / banyune tawa umancur / lunyu rungkut miwah rumpil / bawah kalurahan Jorong //

kanggo lurugan wong mrono prêlu adus / nèng ngisor pancuran mili / singa mrono nganti adus / kuwat slamêta pinanggih / ning kandhane juru sorog //

ayêm têntrêm yèn nyawang madhêp mangidul / weruh rêrêngganing tasik / miwah lumembaking alun / pasiraman pinggir pasir / yèku yasane Tuwan Jon //

nora asin banyu pasiraman mau / sanadyan pinggir pasisir / awit panjupuke banyu / sing lèdhêng Gambirawati / jêmbar kobèt kanggo praon //

lan sagara mung kêlêtan wêdhi dhuwur / kathukulan wit widuri / hotèl angadhêpke laut / tamune ambanyu mili / sabên dina ora towong //

yèn anyôndra endahing alam buh-êmbuh / nganti nora bisa muni / turah warna kurang têmbung / cêkake kôndha ya apik / pancèn nyatane ya jêmpol //

wayangane mega kang tumamèng ranu / pating dlêmok amantêsi / ana uga kang kayungyun / amêmêtha ngothak-athik / mathuke karoban okol //

jare iku kadhaton sagara kidul / katara sulaking warih / wêruh yèn sêmune biru / nyawang sing Gambirawati / eyub prênahing kadhaton //

sisih kulon ana gunung kang amunggul / pasareane suwargi / arane Sèh Bêlabêlu / kalawan Sèh Gagangaking / ahli laku wong sakloron // Badhe kasambêtan.

K. 5587.

--- 539 ---

Jagading Wanita

Bab Wanita kalihan Sanjan

Kula nuwun, kasêbut ing kalawarti Kajawèn ôngka: 20, taun 1935 ing kaca 313-314 saking panjurungipun sadhèrèk R.D.S. Martana, kula andhèrèk muphakat, saha muji sukur dhatêng Pangeran dene sadhèrèk R.D.S. Martana karsa mêdharakên raos ingkang mikantuki panggalihipun para wanita ingkang ngudi kamajêngan. Malah bilih karaos ingkang rumêsêp ing budi, lakar botên tumrap dhatêng para wanita kemawon sanajan dhatêng para priya inggih langkung prayogi, bok inggih dhatêng para priyantun angguran pènsiyunan nuwun inggih utami, sabab angèsthi lampahing kamajênganing jaman. Awit jaman punika kalampahakên dening manungsa, anêtêpi gêsanging tiyang ing donya (alam padhang), ingkang gandhèng kalihan ebahing jaman, bilih botên angantos-atos angupados wêwah sarating gêsang ing donya, gêsangipun lajêng tanpa daya, kados ingkang kasêbut ing Sêrat Wedhatama, sirna saking tigang prakawis, wirya arta winasis, têlas tilasing janmi, têmah papa papariman ngulandara.

Pramila para sadhèrèk ingkang sami maos kakung putri, kêrsaa anggalih ingkang langkung lêbêt saking osik dumugi cipta rasaning budi.

Nuwun-nuwun, namung kula gadhah panyuwun sakêdhik sanajan sônja, kula aturi ingkang mawi kapranata, atêgês anuju lampahing sarengat (cara agaminipun) awit kêdah ngèngêti sami-sami tinitah gêsang ing donya, inggih punika:

I. Sanjan-sinanjan, ingkang wosipun angrakêtakên pasadherekan. Ingkang niyat sônja, amêndhêta wêktu ingkang umumipun botên anglêrêsi nyambut damêl, angangkaha ingkang kintên gandhèng klayan ingkang dipun sanjani, murih sami sênêngipun, murih botên sami ruginipun.

II. Bilih pinuju sônja ingkang ngatos-atos, èngêt kêdaling pangandika ingkang sagêd amranani, urup-ingurupan kawruh winasis ingkang têmah tumuju dhatêng arta murih sagêd ugi kataman ing kawiryawan, saking daya-dayaning lungiting pangandikan. Salêbêting lêlênggahan sanajan sampun gulêt ing pangandikan ingkang gathuk ing karsa, gêr gumujêng, nanging sampun supe ngèngêtana garwa nata ing Ngamarta Sang Padniwara Drupadi, badhe kêdaling sabda awon, kêdah dipun aling-alingi pagêr tosan. Sampun ngantos rêmbês nyatur utawi ambuka wadining liyan.

III. Wèwèh-winewehan (kogêl) sanajan sakêdhik ingkang pantês tatacaranipun, kaangkah rumêsêpa ingkang nampi kogêlan

IV. Tulung-tinulung samurwatipun, ingkang laras saking kakiyatanipun, dugi prayogi, mawang agêng alit, asor unggul, ingkang botên kawratan utawi kapitunan agêng, anama samad-sinamadan. Awit tiyang tinitah ing donya, wajib,

--- 540 ---

mêsthi dados damêling sasami, cêthanipun gadhah damêl, têtakan, têtêsan, manton, sapanunggilanipun têmtu kabantu dening para sanak sadhèrèk mitra karuh, punapa malih manawi pêjah sampun têmtu jisimipun badhe kagotong ing sasami ingkang taksih tinitah gêsang, ing môngka pêjah punika pacangan ingkang sajati.

Mila kasinggihan paribasan ngamônca, wêktu punika dhuwit. Nanging sasagêd-sagêd tiyang kêdah angudi wêktu ingkang sanès dhuwit, awit tiyang ugi gadhah wêktu kangge nêdha, tilêm, sênêng-sênêng murih linggaring manah, dados ingkang têmtu tiyang inggih sagêd ngupados wêktu ingkang kangge sônja kados ingkang kula aturakên ing nginggil. Wirya arta winasis, kanggea mêmayu ayuning jagad. Pamrayogi kula suwawi sami kridha martana aliyas cancut angêlar wônda utama (kêsaenan) sagêda rakêt-supêkêt lair batos anggènipun sadherekan, botên amawang bôngsa, awit sami tinitah dados janma manungsa, murih cinandhi ing putra wayah sapiturutipun. Kuwônda sampun ngantos dipun tangsuli mangke lajêng cara Banyumasipun brabèh (kapiran) botên sagêd mêlar kangge isèn-isèning jagad.

Ing kalawarti Kajawèn punika, rêmbag saha dhebatipun kyai Nalagarèng, saha kyai Kanthongbolong (Petruk) wiwit lair ing Kajawèn, bilih dipun petani têmtu sagêd manggih suraos ingkang sêgêr sumyah ing angga, sampun kawaos namung lucunipun kemawon, kaudia wosipun.

[Grafik]

Sang Padniwara Drupadi.

Upami tiyang botên anggadhahi tekad kados ingkang kula aturakên ing bab I, II, III saha IV ingkang dipun udi mung angèsthi murih sagêdipun wirya arta winasis, atêgês ambêguguk ngutha waton, ingkang têmtu tiyang badhe sinatru batos dening sasamèng dumadi, lajêng dipun wastani tiyang ingkang botên ... mila sasagêd-sagêd angudia wanci ingkang kangge nyambut damêl, ngrimat para putra, angladosi kakung, saha ruwêd-rêntênging bale griya, tuwin angudi wanci kangge sêsrawungan ing sasami. Bilih botên sagêd aminta kangge tata lair donya tuwin kangge kêbatosan (lana) ingkang têmtu badhe gêsang ugi botên ...

Wosing Sêrat Wedhatama, wirya arta winasis, lakar praboting gêsang ing donya, bilih botên katitisan wirya arta winasis, wah, sampun têlas-têlasan. Mila kêdah kaèsthi lan kaudi, nanging mawi lampah sinamun ing samudana, sampun ngantos anêbihi ing sasamèng tumitah.

Bilih wontên kalintu saha kaduking ukara nyuwun ingkang agung pamêngkunipun. Rèhning kula kagolong tiyang kina.

R. A. Partadirja, Rawalo.

--- 541 ---

Pawartos Sanès Praja

Praja-praja Islam

Ingkang pinanggih ing jaman sapunika, tumrap nagari-nagari Islam, ingkang rumiyin katingalipun dèrèng majêng, sampun katingal anggrêgut botên beda kados nagari sanès-sanèsipun. Kados ta kawontênanipun nagari Irak, pinanggihing kamajênganipun ing sapunika katingal ngêgèt, andadosakên suka bingahing rakyat tuwin pangalêmbananing nagari-nagari Islam sanèsipun.

[Grafik]

Wadya anggêgana Mêsir wontên ing Paris nuju andèkèk gubahan sêkar wontên kuburanipun saradhadhu ingkang botên kasumêrêpan namanipun.

Tindakipun nata Irak ingkang jumênêng sapunika katingal ngajêngakên utawi mêmulih kaluhuranipun bôngsa Arab, tindak makatên wau ugi atêgês ngatingalakên kamajênganipun nagari Irak piyambak, inggih akajêng anêrusi kadosdene kaparêngipun Raja Paisal suwargi, dhasar nyata kala samantên sampun tumindak kanthi guyubing para nayakaning praja ingkang ngêmbat babagan pulitiking praja.

Mênggah ringkêsaning tumindakipun, ngudi murih adêging praja punika kanthi kasantosan tuwin tata, prêlu kangge anjagi kawilujênganipun nagari, sampun ngantos dipun arubiru saking tôngga praja. Makatên ugi ngudi kamajênganing padagangan ingkang baku dados pikuwating rakyat utawi praja. Tamtu kemawon ing bab babagan sadaya wau botên tilar dhêdhasar pangajaran, mila ing bab pangajaran wau dipun ajêngakên sangêt, malah ngudi ajênging para mudha ingkang nglajêngakên sinau dhatêng Eropah.

Ingkang makatên punika, ugi prêlu gêgayutan kalihan praja-praja Eropah, punapadene nagari-nagari [naga...]

--- 542 ---

[...ri-nagari] wetanan, kados ta: Pèrsi, Turki, saya prêlu malih angêncêngakên anggèning mêmitran kalihan karajan Islam sanès-sanèsipun, kados ta Yaman, Mêsir tuwin sanès-sanèsipun, ingkang asangu dhêdhasar kabangsan Arab.

[Grafik]

Foead Bey Hamzah pangagêng ing Arab, nuju wontên Londhên mriksani kawontênaning kitha.

Sayêktosipun kamajêngan ingkang gêgayutan kalihan Eropah, punika sampun sumrambah wontên ing nagari Islam sanès-sanèsipun, kados ta Mêsir punika kamajênganipun saya mindhak-mindhak, malah sampun anggadhahi wadya anggêgana, trajangipun sampun botên beda kalihan nagari Eropah sanès-sanèsipun, inggih tumut manah ruwêt rêntênging jagad.

Makatên ugi tumraping Arab, anggèning nêdya majêng inggih botên tilar lendhehan Eropah, kados ta nalika pasulayanipun golongan Saodi kalihan Yaman, punika Arab ngawontênakên utusan dhatêng Londhon, kalampahan inggih sagêd rukun sayêktos.

Sawarnining tindakipun karajan Islam ingkang kados makatên punika saèstunipun dados gêgambaran kamajêngan. Malah tumraping Irak, iyêging rakyat anggèning nêdya majêng malah kapara ngangsêg dhatêng parentah, tandhanipun kathah sêrat-sêrat ingkang tumuju dhatêng pangagêng, ingkang suraosipun supados nêtêpakên tumindaking wajib kaprajuritan, sampun tansah mandhêg mangu, awit tindak wau manawi kasêmbadan, sagêd anjalari wontênipun wadyabala saking golonganipun têtiyang siti, ingkang mitadosi kangge anjagi tata têntrêming nagarinipun piyambak.

Dene wosing kajêng, adêging kasantosanipun punika kêdah adhêdhasar nunggilakên kakiyatan kalihan tôngga nagari Arab sapanunggilanipun. Bab punika manawi kasêmbadan, mênggahing nalar inggih sagêd santosa yêktos.

--- 543 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Bab Panampi Radhio saking Ngayogyakarta

III.

Petruk: Kêpriye, Kang Garèng, mungguh panêmumu anane gêndhing-gêndhing kiriman saka Kusumayudan nalika malêm Minggu tanggal 20/21 April kapungkur kiyi, apik apa ala.

Garèng: Wah, Truk, cêkake: kampi. Aku wis ora bisa mada sacuwil-cuwila. Saka kêpenake, saka liyêr-liyêre, saka nglangute, nganti barêng aku mapan turu, sawêngi muput aku tungkul ... tomtomên.

Petruk: Wiyah, nèk tomtomên kuwi rak tumrape bocah cilik sing awane mêntas wêruh apa-apa sing amêdèni, saka anggone ngeling-eling bae, bêngine barêng turu banjur tungkul tomtomên, yaiku sabab saka kamigilane.

Garèng: Iki rak iya ora pati beda karo kaananku, ta, Truk. Awit kalane aku mapan turu mau, anggêre arêp mak liyêr, kayadene banjur ana rêrungon: rujak nanas kêmplung-kêmplung anèng gêlas, banjur aku mak grigap tangi manèh. Suwe-suwe barêng aku bisa: lês turu, nang kanane aku ditêmoni karo pasindhène. Wah, ing kono, Truk, rumasaku aku diurak-urakake: pangkur dhudha kasmaran, durma, sinom parijatha, mijil larasati, wadhuh, nikmate, sèwu nikmat dadi siji têmênan, suwe-suwe pasindhène mau ngêcrut-ngêcruti lênga wangi ana ing tanganku. Kocapa, barêng tanganku krasa mak cês, sanalika iku aku iya banjur: gregah nglilir, jêbulane tanganku ... diilêri bakyumu.

Petruk: Wiyah, kowe mono, sok ana bae sing diomong. Mungguhing saiki, malêm-malêm Sêtu isih sore kowe kok wis têkan kene, arêp apa. Iki wis tanggal tuwa, aja ngarêp-arêp bisa olèh enak-enakan, adhimu mau mung ngolah jangan lumbu karo pepesan pêda.

Garèng: Hla kok ngisin-isini têmên, dipadhakake wong andrêmis bae, ora cara, Truk nèk rakamu kiyi arêp ... ngarani. Sak ana-anane tokna bae, ora-orane kok nganti ora labas, dene mungguh têkaku mrene kiyi, sanyatane aku krungu kabar, jarene mêngko kiyi arêp ana kiriman gundhing-gundhingan saka Ngayoja, wong jarene iki iya kêpenak bangêt, Truk.

Petruk: Mula iya mangkono, Kang Garèng, tumrape saiki kiriman radhiyo gêndhing-gêndhing [gê...]

--- 544 ---

[...ndhing-gêndhing] Jawa saka Ngayoja, pancèn iya wis kêna diarani: mat-matan. Bedane karo Sala, yèn gêndhing-gêndhing saka Sala kuwi: alus, wilêt, anglangut, nèk saka Ngayoja: grêgêt, grêngsêng, gawe gumbira. Mulane saupama ana pitakonan: ngêndi sing bêcik, kuwi pancèn iya angèl anggone arêp ngarani, gumantung mênyang rasane dhewe-dhewe.

Garèng: Wis ta, Truk, bantale bae wènèhna mrene manèh sarta tumuli bukakên radhiyone. Sajêrone manasi radhiyone, aku tak mapan sing kêpinuk kae, wong aku saikine arêp ngêmatake tênan.

[Grafik]

Nah, Truk wiwit saikine. Wadhuh, ujug-ujug têka rame unining gamêlane, wah, mula iya nyata kandhamu mau, unining gamêlan pancèn iya anduwèni grêgêt, grêngsêng, sarta gawe gumbiraning ati, wah, suwaraning pasindhène, le turut usuk, le kêpenak, le anglêr, banjur suwarane sing anggerongi, le êmpuk, le kêmripik, cêkake saka kêpenake rêrungon kiyi, sanajan anggonmu ngêtokake mung sêga jangan lumbu karo pepesan pêda, kiraku ora bakal krasa, iya banjur kolu bae, Truk.

Petruk: Mara, ingatase lagi sênêng ngrungokake mangkono, kok mêksa ora lali karo sing kanggo ngisi têlèhe. Kang Garèng, iki arane gêndhing maphro, yaiku nembak marang jênênging pakumpulane (M.A.V.R.O.), gêndhing iki minôngka tôndha pambukaking radhiyo, wis Kang Garèng, mênênga dhisik gêndhinge mèh disuwuk, mêngko padha ngrungokake apa sing diwêdharake dening om rupêr, yaiku sing kajibah muni-muni, nyaritakake apa sing bakal dimainake.

Garèng: Kae, Truk om rupêre wis wiwit muni. Basane banjur dikontan têrus nganggo basa Mlayu, iki bênêr bangêt Truk, dadi ora kakehan anggone ambuwang wêktu sing muspra. Wah, suwarane le gêmbulêng-gêmbulêng gandêm. Ut adhuh [a...]

--- 545 ---

[...dhuh] lara awakku, Truk, miturut andharane om rupêr kiyi, jarene sore kiyi programah diowah, Truk, ora ngirimake gundhing-gundhingan, nanging kêthoprak.

Petruk: Ora, Kang Garèng, sêmune kok sajak gêla mêngkono. Apa, ta, sing dadi alangane.

Garèng: Nèk kanggone aku dhewe, iya ora ana alangane apa-apa. Kadar aku dhewe nyang kêthoprak kuwi iya rada karêm, nanging kudu ngelingana yèn ing wêktu iku, kiriman radhiyo mau ora mung dirungokake ing Ngayoja, Surakarta, lan ing Sêmarang, cêkake ora mung dirungokake ing papan padunungane wong-wong Jawa thok bae, nanging uga dirungokake ing Bandhung, Sukabumi, Bogor, Batawi, malah jalaran disambungake ing N.I.R.O.M. ing Tanjungpriuk, mêsthine iya dirungokake ing uwong sangalam donya. Jalaran saka iku sing wis dipacak ana ing programah kuwi, ambok wis: cul, aja diongkrèk-ongkrèk manèh, dupèh ana wong siji loro sing duwe panjaluk liya. Anggonku duwe panêmu mangkono mau sababe mangkene:

Tumrape wong Jawa dhewe, ora kabèh wong Jawa padha dhêmên mênyang kêthoprak, malah akèh bae sing padha ewa êmbah buyuting ewa, nanging mênyang gêndhing-gêndhing, anggêre wong Jawa sing isih ganêp pikirane bae, mêsthi dhêmêne. Tumrape wong-wong sing dudu bôngsa Jawa, sing ora ngrêti basa Jawa, lumrahe iya ora ngreti nyang kêthoprak kuwi, mulane iya banjur ora niyat arêp ngrungokake. Nanging nyang gundhing-gundhingan akèh bae bôngsa mônca sing padha dhêmên.

Tumrape wong-wong sing dhêmên nyang kêthoprak, programah gundhing-gundhingan ujug-ujug diowah disalini kêthoprak mau, mêsthine iya banjur mèsêm-mèsêm, nanging tumrape wong-wong sing ora dhêmên nyang kêthoprak, ananing owah-owahan mau têmtu anjalari mrêngut bênggala têmênan.

Petruk: Ha iya, Kang Garèng, nanging yèn wis sêngit kuwi, sanadyan sadurunge wis dipacak nyang programah, iya têrus sêngit bae.

Garèng: Iki seje bab manèh, Truk, nèk wis gênah kapacak ana ing programah luwih bêcik, yèn pancèn ora dhêmên, rak bisa mupus sadurung-durunge: Wiyah, kok ora dhêmên iki aku. Mèn tak anjupuk liya panggonan bae, upamane nyang: Sanghai. Nanging yèn anane ing programah mangkene, ing môngka pancèn dhêmên bangêt, nganti diimpi-impi anggone arêp ngrungokake, kok ujug-ujug glodhag diowah, thik sing ora disênêngi, hla kuwi gêlane, ditêbusa têlung dhit masa maria. Mulane, Truk, ing sarèhne sêsrawunganamu kuwi ing Surakarta lan ing Ngayoja akèh, ambok nyuwuna nyang pangrèh: S.R.V. utawa pangrèh: M.A.V.R.O. apa sing wis kêpacak ana ing programah kuwi aja nganti diowah-owah, kajaba ta yèn ana jalaran sing prêlu bangêt. Badhe kasambêtan.

--- 546 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKI.

Dagang roti bangsa Tionghoa dados satunggal. Awit saking rêmbagipun para Dagang roti bangsa Tionghoa ing Bêtawi sami anggêlêng dados satunggal, sadaya wonten 30. Gêlênging sêdya badhe gadhah panuwun dhatêng parentah supados dipun wontênakên watêsan ing bab pandamêling roti.

[Grafik]

Pasitèn ing laladan Cianjur. Inginggil punika gambar pasitèn sacêlakipun têlaga ing Cimacan (Sindanglaya), gadhahanipun satunggiling pakêmpalan golongan bêrah pribumi ing Bêtawi, pêrlu kangge papan pangason bilih nuju badhe angenggar-enggar ngupados hawa asrêp. Malah ing ngriku sapunika sampun kaêdêgan pasanggrahan punapa.

Bangsa Philipina mlêbêt dhatêng tanah ngriki. Ing laladan sagantên Maluku pinanggih kathah baita misaya ulam gadhahanipun bangsa Philipina, kadhang-kadhang ngantos dasanan. Gezaghebber ing Sorong mêntas nyumêrêpi baita 11 sami nuju mancing ulam ing sagantên ingkang taksih dados wêwêngkon awisan. Kapal Gupermèn Albatros lajêng ambêskup baita wau, isi tiyang 64. Salajêngipun wontên bêbantu Veldpolitie saking Ambon numpak kapal Reiger dhatêng Sorong.

Barang pêlikan ing Gunungkidul. Sampun kêrêp kawartosakên ing bab kawontênanipun pasitèn ing Gunungkidul. Kakinten wontên isinipun bangsaning pêlikan. Ing sapunika kalampahan sampun wontên pasitèn ingkang dipun dhudhuk, ing laladan Paleman tuwin Genjahan, ing ngriku pinanggih wontên sela cêmêng êmpuk, ing sacêlaking guwa Lawa ugi pinanggih kados makatên. Nanging sarêng pandhudhukipun sampun angsal 15 m. dipun sampuni, amargi hawanipun sakalangkung bêntèr. Barang wau bangsaning pêlikan mangaan, kenging kangge momoran batterij.

Tindak salingkuh ingkang ngêngèmbèt. Kawartosakên, lurah dhusun ing Kauman, Mojokêrto, gadhah atur dhatêng pangagêng nyuwun kèndêl saking padamêlanipun, utawi pancèn badhe dipun kèndêli, jalaran nyalingkuhakên arta pajêg wiwit taun 1930 dumugi 1934. Pikantuking papriksan, kathah pêthuk ingkang sampun dipun cirèni sah, nanging dèrèng minggah buku. Wontên malih têtiyang ingkang sampun ambayar pajêg, pêthukipun sami dipun têdhani dening lurah utawi carik. Nanging sarêng lurah utawi carik kapriksa, sami mungkir. Bab punika adamêl kasusahanipun tiyang kathah.

Manggih barang kina. Tuwan F. Schnitger, ingkang tumindak ing damêl andhudhuk pasitèn ingkang pinanggih wontên tilas-tilasipun jaman kina ing antawising Muwara Takus kalihan Sungèi Kampar, sagêd manggihakên tilas-tilas candhi Budha, gapura, tuwin satunggiling griya pandhita. Kajawi punika manggih barang asuku tiga prunggu, gêlang mas, anting-anting, mainan kalung sami tinrètès barliyan agêng. Nanging têtiyang ingkang sami nyambut damêl wau lajêng dipun têmpuh ing gajah gêgrombolan, gubug-gubug pamondhokanipun dipun risak dening gajah.

Panèn ing Lampung. Ing paboyongan Gedong Tataan ing wulan punika sampun rampung anggènipun panèn. Angsal-angsalanipun nyênêngakên. Ing sarèhning dhatênging boyongan enggal saking tanah Jawi kathah, ing taun punika badhe nyobi nanêm pantun kaping kalih, saha sampun kawiwitan anggrap. Tumrap para boyongan enggal sasampunipun mêntas panèn ing Gedong Tataan, kathah ingkang lajêng kapindhah dhatêng Tegineneng.

Konggrès Perdi. Sarèhning dintên têtiga ingkang sampun katêtêpakên badhe kangge kongres Perdi punika sarêngan kangge kongres Perguruan Indonesia, ingkang kawitan, Perdi angewahi dintên ingkang sampun katamtokakên, anggèning damêl congrès dipun undurakên, ing ngajêng wontên ing dintên Sabtu, Ngahad tuwin Sênèn tanggal 8, 9, tuwin 10 Juni, sapunika dipun ewahi wontên dintên Jumuah, Sabtu tuwin Ngahad tanggal 14, 15 tuwin 16 Juni, dados sasampunipun Nationaal Onderwijs Congres.

Pados kajêng ing Borneo. Tuwan Nakasimo, directeur Ringyo Kabushiki Kaisha mêntas dhatêng Sangkurilang, Borneo, pados kajêng ingkang dados padagangan Jêpan. Padamêlan ing ngriku punika majêng sangêt, sapunika sampun sagêd masangi margi sêpur panjangipun 20 mil. Ingriku badhe sagêd ngangge kuli 3500, sagêd ugi mêndhêt saking tanah Jawi, saha kuli wau badhe dipun pangagêngi bangsa Jêpan 200. Wêdaling waragad ingkang kangge nindakakên padamêlan wau kathah, saha Tuwan Nakasimo sampun mangêrtos manawi badhe kapitunan, nanging ing têmbenipun tamtu badhe manggih kukupan agêng.

NAGARI WALANDI.

Taksih sambêt kalihan babagan Zeven Provincien. Para upsir Zeven Provincien ingkang sampun karampungan prakawisipun inggih punika 1e Luitenant ter Zee W.F.J. Felz, 2e Luitenant E.M. Hornsveld, L.D. de Kroon, 2e Marinestoomvaartdienst-officier L. de Wilde, D.M.W. van Balkon tuwin G. Smits, sami nyuwun gratie. Panyuwun wau botên kaparêngatankaparêngakên. dening Sri Bagenda Maha Raja Putri.

EROPA

Ukum pêjah ing Griekenland. Jendral Populas tuwin Kinisis, sami pangajênging rêrêsah ing Griekenland, kalêbêt ebah-ebahan ingkang kantun, sampun karampungan wontên ngarsaning pangadilan, kalih pisan sami kaukum pêjah. Ukum pêjah wau sampun katindakakên, sarana dipun sanjata, salajêngipun mayit katampèkakên dhatêng kulawarganipun. Nalika ukuman wau katindakakên, têntrêm botên wontên satunggal punapa.

--- 547 ---

Wêwaosan

Wangsulipun Tarsan

Piridan saking buku karanganipun Tuwan Edgar Rice Burroughs

8

Ing sajawining kamar Rokop tansah angêntosi kadospoundi kawusananing lêlampahan punika. Sadèrèngipun piyambakipun kesah saking ngriku, prêlu badhe nyumêrêpi pêjahipun Tarsan rumiyin, nanging botên gadhah niyat badhe anênggani ing kamar ngriku, nyumêrêpi cara-caranipun anggèning amêjahi, sabab pun Rokop mangrêtos, bilih piyambakipun ngantos anyumêrêpana anggènipun mêjahi Tarsan, botên wande manawi dados urusan panjang, piyambakipun têmtu dados sêksi, ingkang makatên wau nêdya dipun selaki.

Tiyang èstri ingkang wontên ing kamar nalikanipun Tarsan dhatêng wau, inggih taksih lêstantun wontên ing ngriku kemawon, nanging dèrèng sapintêna dangunipun, polatanipun lajêng malih babarpisan, wujud ingkang suwaunipun katingal susasusah. saha mamêlas-asih, sarêng nyumêrêpi Tarsan anandangi tiyang ingkang ngobat-ngabitakên gêmbêlipun, sanalika lajêng santun warni, polatanipun katingal nyalawados, nanging ewahing polatan wau Tarsan botên anyumêrêpi.

Botên watawis dangu malih polatanipun tiyang èstri wau santun kadosdene polatanipun tiyang ingkang gumun lan kamigilan. Mênggah ingkang makatên punika mila inggih botên anggumunakên. Jalaran, tiyang ingkang brêgas amriyantuni lumêbêt ing kamar ngriku saking anggèning nêdya têtulung dening panjêrit wau, pancènipun wontên ing ngriku dipun kintên têmtu manggih tiwas, têka jêbul malah kadosdene banthèng tawan kanin. Manawi andulu kabrêgasanipun, ingkang mêsthi tandangipun lajêng kêndho botên niyat wani, botên sumêrêpa jêbul kadosdene tandangipun Sang Sena kinarubut ing sata Korawa.

Tiyang èstri wau ngantos kalair pambêngokipun: He, têka kaya sato galak. Pambêngok ingkaingkang. makatên wau mila inggih lêrês, awit kala punika Tarsan migunakakên untunipun ingkang landhêp, kangge anyakot gurunging mêngsahipun. Jalaran ing kala samantên cara gêlutipun Tarsan taksih ngangge kadosdene cara-caranipun pôncakaraning kêthèk bangkokan.

Saking prigêl lan cikating tandangipun Tarsan, bêbasan kadosdene sikatan anyambêr walang, mrika-mriki sagêd amrêjaya mêngsahipun, nalika nyumêrêpi tandangipun Tarsan ingkang ngedab-edabi punika, pawèstri wau lajêng kèngêtan nalika piyambakipun nyumêrêpi trajanging sima ingkang wontên ing krangkèng nalika nyêmpal-nyêmpal mangsanipun, sabab ing ngriku ugi kalampahan wontên balung dipun puntir ngantos putung, tuwin sêmpaling bau ingkang dipun sêndhal.

Kanthi jêrit-jêrit jalaran kêsakitên tuwin giris manahipun, para mêngsah sasagêd-sagêd sami lumajêng nêdya mêdal saking ngriku, nanging sadèrèngipun wontên tiyang salah satunggal ingkang sagêd mêdal saking kamar, Rokop sampun anggadhahi pagraita,panggraita. bilih Tarsan botên sagêd dipun pêjahi namung klayan makatên kemawon, amila piyambakipun enggal-enggal kesah saking ngriku, prêlu badhe lapur dhatêng pulisi, nyariyosakên, bilih kamar ing lotèng ing griya ing Rumole No. 27 ing nginggil piyambak wontên tiyang soroh amuk.

Sarêng pulisi dhatêng ing ngriku, sumêrêp wontên tiyang tiga gumlethak ing jrambah kanthi gêrêng-gêrêng, tiyang èstri satunggal ingkang sêmu kamigilan tilêman wontên ing papan patilêman kalihan nutupi rainipun, saha tiyang neneman brêgas ingkang sandhanganipun sarwa sae, ngadêg wontên ing têngah-têngahing kamar. Nanging tiyang neneman ingkang katingal brêgas wau, ing wêkdal punika sampun ical pikiraning kamanungsanipun, wangsul wêwatêkaning kewan balêjêt, amila anggènipun ngawasakên pulisi ingkang dhatêng wau, inggih kadosdene kewan galak anglirik dhatêng mêngsahipun. Sabab sarêng Tarsan kambêtan êrah, alusing bêbudèning manungsa ingkang sampun dipun sinau sawatawis lami, sanalika punika sirna tanpa lari. Amila ngadêgipun Tarsan wontên ing têngah-têngahing kamar botên beda kadosdene singa barong ingkang sawêg kinêpang dening para grêma, angêntosi panêmpuhipun para grêma dhatêng awakipun, nêdya lajêng badhe dipun wasesa.

Salah satunggiling pulisi wontên ingkang pitakèn sajak gita, makatên: Wontên punapa ing ngriki.

Kalihan cêkak aos Tarsan anêrangakên kawontênan ingkang mêntas kalampahan sadaya, nanging sarêng piyambakipun nolèh dhatêng tiyang èstri wau nêdya ngandêlakên katêranganipun, kados punapa kagèting manahipun, dene pawèstri wau mangsuli makatên:

Piyambakipun goroh. Anggènipun lumêbêt ing kamar ngriki punika, kalêrês nalika kula pinuju piyambakan, dados têrang sangêt, tiyang punika nêdya lampah awon, sarêng kula tolak, piyambakipun nêdya mêjahi kula. Tujunipun para priyantun-priyantun punika kalêrêsan sami langkung ing ngriki, amila lajêng sami atêtulung. Piyambakipun punika prasaksat setan, ingatasipun tiyang satunggal, namung apawitan tangan kalihan untunipun, têka sagêd ngawonakên tiyang sadasa ingkang sami asikêp dêdamêl.

Saking kagèt saha gumunipun Tarsan, dene wontên tiyang têka babarpisan botên mangrêtos dhatêng kasaenan, ngantos piyambakipun anjomblong dhêlêg-dhêlêg botên sagêd wicantên. Nanging para pulisi

--- 548 ---

ing sêmu kados kirang pitados dhatêng aturing pawèstri wau, awit pawèstri dalah para mitranipun punika, sampun kêrêp kasumêrêpan dening pulisi mênggah pandamêlipun ingkang botên sae. Ewadene sarèhning pulisi wau rumaos dede hakim, saha inggih namung nindakakên punapa kuwajibanipun, inggih punika nyêpêng saha angladosakên têtiyang wau dhatêng ngarsaning pangadilan, inggih ing ngriku ingkang badhe sagêd angrampungi prakawisipun.

Nanging sanadyan para pulisi sampun adamêl karampungan anyêpêng dhatêng tiyang neneman ingkang brêgas wau, samangke lajêng kadospundi caraning panyêpêngipun, pulisi ragi kawêkèn.

Kanthi sabar Tarsan awicantên: Kula punika botên anggadhahi kalêpatan punapa-punapa saha botên nêrak wêwalêring nagari. Sajatosipun namung anggèn kula badhe ngrêksa kawilujênganing badan kula piyambak, kula botên mangrêtos, têka aturing pawèstri dhatêng panjênêngan sadaya punika botên cocog kalihan nyatanipun. Piyambakipun punika botên asêsangkutan prakawis punapa-punapa kalihan kula, awit sadèrèngipun kula dhatêng mriki, kula dèrèng nate wanuh kalihan piyambakipun, wontên kula dumugi ngriki jalaran mirêng panjêlihing pawèstri nêdha tulung, inggih piyambakipun punika.

Salah satunggaling pangagêng pulisi wontên ingkang mangsuli makatên: Bab punika sanès tanggêlan kula, punika wajibipun pangadilan. Sasampunipun wicantên makatên, lajêng anyêlaki Tarsan nêdya nyêpêng pundhakipun. Nanging dèrèng ngantos kalampahan, ujug-ujug pangagêng pulisi wau sampun gêlangsaran dhawah ing jrambah pojoking kamar, sarêng kônca-kancanipun pulisi sumêrêp, lajêng sêsarêngan sami anêmpuh dhatêng Tarsan. Ing ngriku para pulisi kapêksa sami ngraosakên kadosdene lampahanipun bajingan sadasa wau. Awit saking prigêl lan cikating tandangipun Tarsan, para pulisi ngantos botên sagêd migunakakên dêdamêlipun pistul, nanging namung lajêng sami pating glethak kemawon, kanthi kasakitan sadaya.

Salêbêtipun pôncakara kalihan pulisi, Tarsan sumêrêp wontên jandhela mênga, lan sajawining jandhela katingal wontên barang ngadêg anjêjêr, punapa punika cagak tilpun utawi wit-witan, botên sumêrêp. Sarêng pulisi ingkang kantun piyambak ugi dhawah ing jrambah, pulisi ingkang sanès, wontên ingkang sagêd mêndhêt pistulipun kaêlèsakên dhatêng Tarsan. Nanging mimisipun botên sagêd angengingi. Sadèrèngipun pulisi wau ngaping kalihi agènipunanggènipun. mistul, Tarsan ujug-ujug nyandhak dilah ing kamar ngriku dipun pêcah saha lajêng pêjah latunipun, ingkang anjalari ing kamar ngriku lajêng pêtêng andhêdhêt.

Ing wusana pulisi sumêrêp bilih Tarsan sampun mancolot saking jandhela mlembar dhatêng barang ingkang kados cagak wau. Sanalika pulisi sami mandhap nêdya nututi bêbujênganipun wau, nanging dumuginipun ing margi agêng, Tarsan sampun botên katingal dhatêng pundi purugipun, botên kasumêrêpan.

Pawèstri tuwin para bajingan ingkang botên sagêd kesah saking ngriku, lajêng kacêpêng dening pulisi saha kairid dhatêng ing kantor pulisi. Para punggawa pulisi wau ing batos rumaos kèwêdan anggèning badhe damêl palapuran ing bab prakawis wau, awit rumaos sami isin sangêt, dene ingatasipun tiyang namung ijèn kemawon têka sagêd anggalimpang-galimpangakên tiyang pulisi samantên kathahipun, kajawi punika, salajêngipun sagêd kesah saking ngriku kanthi gampil kadosdene ing ngriku botên wontên tiyang satunggal-tunggala ingkang badhe ngalang-alangi.

Punggawa pulisi ingkang jagi wontên ing ngandhap, anêrangakên kanthi yêktosan, bilih salaminipun para pulisi wontên ing nglêbêt griya wau, botên wontên tiyang ingkang mêdal saking jandhela, malah botên wontên tiyang satunggal-tunggala ingkang mêdal saking griya ngriku. Kônca-kancanipun sami anggadhahi pangintên, bilih piyambakipun punika goroh, nanging ing sarèhning sami botên sagêd ambuktèkakên, amila inggih lajêng sami kèndêl kemawon.

Sarêng anggènipun Tarsan mancolot saking jandhela wau sampun sagêd gêgandhulan ing cagak kasêbut ing ngajêng, botên nilar caranipun sato galak ing wana, langkung rumiyin piyambakipun lingak-linguk ngiwa nêngên, bokmanawi ing sacêlakipun ngriku wontên malih mêngsahipun. Tindakipun Tarsan ingkang makatên punika mila inggih lêrês sangêt, awit ing ngandhap cagak lêrês wontên punggawa pulisi satunggal ingkang jagi. Sanalika punika Tarsan inggih lajêng nyumêrêpi. Ing nginggil Tarsan botên sumêrêp punapa-punapa, amila piyambakipun botên lajêng mandhap, nanging malah saya mêncit pamènèkipun.

Mênggah pucuking cagak mau papak kalihan payoning griya. Tumraping Tarsan, ingkang kulina pêncolotan wontên ing wit-witan agêng ing salêbêting wana ing tanah Aprikah, kados inggih botên angèl mêncolotipun saking pucuking cagak wau dhatêng payoning griya. Amila sakêdhap kemawon Tarsan inggih lajêng sampun mak balêbêr dumugi ing payoning griya, salajêngipun Tarsan tansah pêncolotan saking griya satugalipunsatunggalipun. dhatêng grigagriya. sanèsipun, ing wusana lajêng sagêd dumugi ing margi sanès malih, ing ngriku piyambakipun sumêrêp cagak ingkang sarupi kados cagak ingkang sampun, sanalika Tarsan amêncolot mriku saha lajêng mandhap dhatêng ing margi.

Lampahipun Tarsan ing sakawit rêrikatan sangêt ngantos dumugi ing restoran ingkang namung kabikak ing wanci dalu. Tarsan lajêng lumêbêt ing ngriku saha anjujug ing pakiwan prêlu badhe anglêrêsakên panganggenipun ingkang madhul-madhul jalaran saking anggèning mlampah-mlampah turut payon wau. Sarêng sampun rampung, Tarsan lajêng mêdal saking restoran ngriku saha lajêng nglajêngakên lampahipun wangsul dhatêng pondhokanipun kalayan lumampah alon-alonan. Badhe kasambêtan.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

SI KENTHUS (CARIYOS GOLEK GESANG)

Anggambarakên kanakalaning lare, mawi gambar kathah. Lare-lare sami rêmên maos cariyos punika. Minangka icip-icip dipun pêthikakên sak bab kados ing ngandhap punika.

DADINE SI KENTHUS.

Têkan ing omah Pak Bandhot ngêtok-êtokake pirantine, wong dhèwèke iku iya tukang kayu, kayadene Pak Jrabang. Kayu olèhe nggawa saka ênggone Pak Jrabang banjur digarap, karo caturan dhewe, mangkene:

Bêcike iki besuk takjênêngake Si Kenthus wae. Anake Pak Karta ing desa Brang Lor kae iya dijênêngake Si Kênthus; dhèk cilik nakal, nanging barêng gêdhe bisa dadi priyayi. Manawa Si Kênthus iki iya bisa dadi luhur, sapa sing wêruh.

Angkrok têrus digarap. Wiwitan êndhase diwangun, barêng wis bathuk, banjur matane. Barêng matane loro pisan wis rampung, Pak Bandhot kagèt, mèh kêgêblag, awit matane loro mau padha bisa owah ngiwa nêngên, munggah mudhun, bisa kêdhèp, malah mênthêlêngi Pak Bandhot. Pak Bandhot calathu: "Aja plorak-plorok, mêdèni uwong!"

Sing duwe mata mênêng bae. Barêng mata wis rampung, gênti nggarap irunge. Nanging anèh bangêt, durung rampung olèhe mangun, irunge mulur, mundhak dawa, saya suwe saya mundhak, dikêthok, pulih, dikêthok manèh, pulih manèh, nganti kaya irung Petruk. Banjur diêtogake bae. Irung rampung, banjur cangkêm digarap; durung nganti rampung, wis bisa ngguyu, ngguguk. Pak Bandhot gèdhèg-gèdhèg saking gumune, banjur calathu: "Mênêng aja jêgegesan! Ora gênah, ki, wong tuwa diêjak sêmbranan ... !

Angkrok mênêng bae, ora mangsuli, nanging ilate dièlèt-èlètake bae. Pak Bandhot ora ngrèwès, nutugake ênggone nyambutgawe, ngongoti janggut; rampung janggut, banjur gulu, banjur wêtêng, banjur lêngên lan tangan. Tangan rampung arêp nggarap sikil, krasa ikête kaya arêp udhar, nyèlèhake pangot, ndêngèngèt arêp dibênakake ikête, nanging jêbul wis diênggo Si Kênthus.

Pancèn ora gênah têmênan, bocah iki; apa ana, ikêt lagi diênggo jare dirêbut. Kene.

Ikêt gênti dirêbut Pak Bandhot, dianggo manèh, karo grênêngan: "Thus, Thus, mbok aja nracak, ta, kuwalat kowe mêngko."

Banjur nggarap sikil. Lagi bae rampung, wis diênggo ndhupak Pak Bandhot, plêk kêna wêtênge. Pak Bandhot kagèt, cêlathu:

Pancèn aku sing luput; ora dakkuwayani sadurunge, wong pancèn bocah ugal-ugalan; nduwe sikil, nèk ora diênggo ndugang diênggo apa.

Si Kênthus banjur diêdêgake ing lêmah, karo ditetah, dicoba apa bisa mlaku apa ora; nanging katon isih rêkasa, awit sikile isih kaku. Barêng wis diowahi sawatara, banjur bisa mlaku dhewe ana ing jrambah. Têkan ing kori, brabat mêncolot mêtu, lumayu mênyang dalan gêdhe. Pak Bandhot iya kaya bocah, mèlu mêtu, nututi, karo bêngok-bêngok: "Tulung, tulung kang, niku dicêkêlake, kang!"

[Grafik]

Wong-wong ing dalan padha mênêng bae; ndomblong ngawasake; gumun wêruh angkrok bisa mlayu; nanging gumune kanthi sênêng. Malah padha surak-surak, kêplok-kêplok.

Upas jaga dalan, krungu wong rame-rame, marani, disêngguh ana jaran ucul utawa kêbo ngamuk; ngadêg malangkadhak ana ing têngahing dalan, arêp ngadhangi.

Barêng Si Kênthus wêruh ana upas ndhêpaplang, karêpe arêp mbrobos ing sêlane sikile upas. Nanging pak upas wis prayitna, têkan ngarêpe, irunge Kênthus dicêkêl cêk. Dhasar dadi kêpenak cêkêl-cêkêlane. Si Kênthus diwènèhake bali mênyang Pak Bandhot.

Sêrat "SI KENTHUS" kalih jilid namung rêgi f 0.90

Wêdalan - BALE PUSTAKA - Batawi-C.

--- [0] ---

Ôngka 37, Stu Kli, 7 Sapar Jimakir 1866, 11 Mèi 1935, Taun X

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [581] ---

Ôngka 37, Stu Kli, 7 Sapar Jimakir 1866, 11 Mèi 1935, Taun X

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Jurungarang - Administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis tilpun 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Tatwawara - Wayang kalayan Islam - Satunggiling Kamayaran - Kawontênan ing Grikênlan - Adpêrtènsi - Kawontênan ing Gunungkidul - Cangkriman - Bab Pènsipèr ing Mistêr Kornilis - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Tatwawara

[Kinanthi]

ing donya tan ana wahyu / kanugrahaning Hyang Widi / yèn ora lawan kinarya / marma sapa kang nampani / wahyu nugrahaning Suksma / têtela yèn wus makarti //

upamane wong têtuku / dhuwite wus anyukupi / sarira rêganing barang / yêkti bisa anduwèni / mangkana pêpindhanira / dadi kang tan darbe dhuwit //

tangèh lamun antuk wahyu / bêgjane kang sugih dhuwit / kojure kang padha mlarat / nanging kaprahing sujanmi / yèn wus antuk kanugrahan / kèh kang wuru ngolang-aling //

mundhak dina saya dlarung / yèn pinuju tyase eling / gêmbar-gêmbor ajak-ajak / mring kônca kang padha langip / payo padha mangan enak / ngombe anggur kang nyêgêri //

kang supaya padha lêmu / tur mawèh warasing dhiri / nanging kudu cucul wragad / saka kanthonge pribadi / kang mangkono nora beda / ngece alus ngisin-isin //

dudu traping wong winahyu / parandene jroning ati / ngaku satriya utama / ambêke lir sang winuni / sira Arya Kumbakarna / mati nglabuhi nagari //

--- 582 ---

Raos Jawi

Wayang kalayan Islam

Sami-sami têtingalan, wayang (ringgit purwa) punika tansah ajêg anggènipun dipun sênêngi têtiyang kathah. Sanadyan wontênipun têtingalan ringgit purwa punika sapriki sampun sèwu taun kapara langkung, ewadene sabên wontên tanggapan ringgit, ingkang ningali sêpuh anèm, jalêr èstri, kuli priyayi mêksa tansah ajêg kathahipun. Kawontênan makatên punika, pancèn inggih botên nama nganèh-anèhi. Awit ing têtingalan ringgit ngriku, têtiyang kathah, kajawi sagêd ningali adi luhunging kagunan saha ngraosakên miraosing gêndhing gôngsa manut larasing wirama, ugi rumaos pikantuk piwulang têpa-palupining lêlampahan ing gêsangipun, sarana lêlampahaning ringgit ingkang katindakakên dening ki dhalang. Dene kawontênanipun sapunika, sêngsêmipun para ningali ringgit purwa wau tumrap dhatêng adi luhunging kagunan saha raosing gêndhing gôngsa, kenging kawastanan sampun kapêngkêr. Ingkang taksih têtêp sagêd nênarik dhatêng sêngsêmipun para ningali, inggih punika: lêbdaning kagunanipun ki dhalang . Mila pinanggihipun ing têtingalan ringgit sapunika, sanadyan ringgitipun kirang adi, gangsanipun ugi kirang sae, ugêripun ki dhalang mumpuni sayêktos dhatêng panindaking ngèlmi padhalangan, para ningali inggih mêksa kathah ingkang migatosakên (kajawi para lare-lare). Nanging adhakanipun, ugêr dhalangipun sae, ringgitipun inggih sae, gangsanipun inggih sae, wiyaganipun inggih pintêr.

Manut pèngêtanipun paduka Tuwan Dhoktêr G. A. Hazeu, ingkang kajawèkakên dening panjênênganipun Radèn Mas Mangkudimêja, wiwitipun wontên têtingalan (iyasa) ringgit purwa punika, nalika taun surya sangkala 861. Dados sapriki umuripun sampun 1071 taun. Dene ingkang iyasa, panjênênganipun Sang Prabu Jayabaya, narendra ing Mamênang. Dene ingkang pinêtha: rêca-rêca embaning para dewa sêsêmbahanipun têtiyang agami Buda. Sakawit badhening ringgit wau, ingkang kadamêl rontal. Sarêng dados lajêng winastan ringgit purwa.

Kasêbut ing pèngêtan wau, nalika Prabu Suryamisesa jumênêng nata ing nagari Jênggala, taun [tau...]

--- 583 ---

[...n] suryasangkala 1145, ingkang ngasta andhalang, panjênênganipun Sang Prabu Suryamisesa piyambak. Dhapukaning lampahan ingkang katindakakên mirid lêlampahanipun para dewa, para narendra, para satriya, (kados ingkang kasêbut ing Sêrat: Mahabarata saha Sêrat Ramayana).

Manut karanganipun Ie Goesti Ktoet Poetra satunggiling priyantun agami Buda ing Singaraja tanah Bali, sêrat kêkalih wau, (sêrat Ramayana saha Mahabarata) tumraping têtiyang Buda sami kaanggêp Wedha (watoning agami), mila tumrap têtiyang Buda ing tanah Bali saha Lombok sintên ingkang badhe maos sêrat kêkalih wau, kêdah kawajibakên sêsuci rumiyin, sairib têtiyang Islam ingkang badhe andêrês Kuran.

Nalika kula pinuju sowan ing dalêmipun Ie Goesti Ktoet Poetra kala samantên taun 1928, antawisipun sami rêrêmbagan kula ugi nyuwun sêsêrêpan bab pahamipun para têtiyang agami Buda dhatêng wontênipun têtingalan ringgit purwa. Dene katêranganipun, wontênipun têtingalan ringgit purwa punika, pancèn kangge mujudakên piwulang agami Buda supados gampil kasumêrêpan ing akathah.

Nitik bêbukanipun kagunan andhalang ing ngajêng katindakakên dening Sang Prabu Suryamisesa piyambak kala wau, tumraping kagunan, ingatasipun kala samantên, tartamtu sampun botên kirang mumpuni, ingkang lajêng sagêd nênarik kasêngsêmipun têtiyang kathah sami rêmên dhatêng têtingalan ringgit wau, nanging nitik bakunipun wontên têtingalan ringgit ingkang pancèn kangge mujudakên piwulang agami Buda kala wau, sêngsêmipun têtiyang kathah dhatêng têtingalan ringgit, botên kabêkta saking adining kagunan, nanging jalaran saking wontênipun kagunan wau lajêng nuwuhakên kapitadosaning agami Buda ingkang dipun wujudi têtingalan ringgit, dados saking wujud lair lajêng nênarik dhatêng kabatosan.

Kapitadosanipun têtiyang agami Buda dhatêng têtingalan ringgit purwa punika, saya dangu katingal sangsaya kandêl, ngantos sabên wontên têtingalan ringgit purwa sami botên nyupèkakên sêsaji kêkutug, botên beda kalayan sêsaji lan ngutugi rêca-rêca ingkang pinêtha dewa sêsêmbahanipun. Malah saking kandêling kapitadosan wau, têtiyang kathah sami gadhah kapitadosan, bilih sarana têtingalaning ringgit purwa wau sagêd dados pamurunging bêbaya pêsthi, ingkang manut saraking agami Buda sami kenging ila-ilaning agami. Kados ta: lare ontang-anting,§ Ontang-anting, inggih punika lare ingkang wiwit lair lajêng tanpa sadhèrèk. ugêr-ugêr lawang,§ Ugêr-ugêr lawang, inggih punika sadhèrèk kalih jalêr sadaya. sêndhang kapit pancuran,§ Sêndhang kapit pancuran, inggih punika sadhèrèk tiga ingkang panêngahipun èstri. pancuran kapit sêndhang,§ Pancuran kapit sêndhang, inggih punika sadhèrèk tiga ingkang panêngahipun jalêr. lare dhampit,§ Dhampit, inggih punika sadhèrèk kalih jalêr èstri ingkang lair sarêng sadintên. tiyang nugêlakên pipisan, ngrubuhakên dandang, sapanunggilanipun. Badhe kasambêtan.

Siswa Andaya, Ngayogya.

--- 584 ---

Rujak Wuni

Satunggiling kamayaran

Wontên kabar bilih pabrik listrik ing Batawi, ingkang sade listrik ing saindênging kitha Batawi, wiwit pungkasaning wulan punika, badhe ngêdhakakên tarip rêgining listrik 12,5%.

Mirid kawontênan ing padunungan sanès-sanèsipun, anggèning pabrik listrik Batawi badhe ngêdhakakên taripipun, punika sajatosipun sampun nama kasèp, ewasamantên inggih mêksa aluwung kasèp katimbang botên wontên niyat nyudakakên rêgi babarpisan. Sabab saupami pabrik listrik ing Batawi badhe ambêguguk nêdya botên anyumêrêpi jamanipun, kados-kados inggih badhe sagêd kalampahanipun.

Tumraping ngakathah amila anggumunakên, dene wontên satunggiling pabrik listrik ingkang anggadhahi kêkiyatan ngantos samantên, ing môngka prabrik-pabrik ing pundi-pundi panggenan, sarêng jamanipun rêkaos inggih lajêng sami ngêdhakakên taripipun, langkung malih manawi ngèngêti, bilih pabrik listrik ing pundi kemawon, wawênangipun sami botên wontên bedanipun. Dene ingkang dados wawênangipun pabrik listrik, inggih punika ingkang dipun wastani: monopoli (monopolie), têgêsipun ing panggenan ngriku têtiyangipun botên kenging tumbas listrik dhatêng sanès panggenan kajawi dhatêng pabrik wau.

Sanadyan pabrik listrik sadaya wau sami anggadhahi wawênang makatên, ewasamantên pabrik listrik Gebeo upaminipun, sampun dangu anggèning ngandhapakên taripipun, tur ngantos 15%. Mênggah ingkang dados sabab-sababipun, jalaran ing ngriku pabrik sarta gumintê ing kitha ngriku sagêd sêsarêngan nyambutdamêl. Ing sarèhne gumintê punika bêbadan ingkang angrêmbag kabêtahaning têtiyang ing kitha, dados manawi wontên rêkaosing panggêsanganipun têtiyang ing kitha wêwêngkonipun, lajêng sagêd enggal-enggal angrigênakên rêmbag, murih sagêda sami sakecanipun. Têgêsipun: karigênakên, murih pabrik Gebeo sampun ngantos karugian sangêt, makatên ugi têtiyangipun ingkang sami anggadhahi kabêtahan sampun ngantos rêkaos sangêt-sangêt. Inggih jalaran ingkang makatên punika, anggènipun pabrik Gebeo sampun sawatawis dangu ngêdhakakên taripipun.

Sanès kalihan jênggêrênging pabrik listrik ing Batawi, mila inggih anyêpêngi saèstu dhatêng agênging panguwasanipun. Awit mangrêtos, bilih lampu dêdaganganipun sanès satunggiling kasênêngan, namung dados kabêtahan umum ingkaingkang. langkung prêlu. Kawêwahan tanpa sisihan. Dados botên kenging botên têtiyang ing ngriku têmtu botên sagêd suwala kêdah lêstantun tumbas listrik dhatêng pabrikipun. Nanging pabrik wau botên angèngêti, bilih salaminipun taksih kathah têtiyang ingkang sami kiyat ambayar rêgining lampunipun, sanadyan têrus-têrusan migunakakên panguwasanipun wau, inggih katingal taksih sagêd lêma, nanging manawi anggènipun ambêkunung, ngêndêlakên panguwasanipun wau dipun têrus-têrusakên, botên nolih dhatêng jamanipun, punika prasasat kolu abunuh dhiri piyambak. Bokmanawi ingkang makatên wau, pabrik listrik ing Batawi sawêg samangke anggènipun nyumêrêpi dhatêng glagating jaman madêking punika, amila inggih sawêg samangke anggènipun gadhah niyat urun badhe angandhapakên taripipun, sanadyan namung 12,5%.

Sawênèh tiyang wontên ingkang andakwa, bilih ambêkunungipun pabrik listrik ing Batawi anggèning dangu botên purun angandhapakên taripipun punika wau, jalaran pandamêlipun gumintê, dene botên tumuntên amêksa dhatêng pabrik supados angewahi taripipun ingkang lajêng sagêd salaras kalihan kawontênaning jaman rêkaos punika.

Bab punika kula botên badhe tumut cawe-cawe, nanging manawi miturut anggène gumintê tansah wongsal-wangsul angwontênakên rêrêmbagan, kados-kados bab punika pancèn inggih sampun dipun manah saèstu sagêdipun pabrik listrik angandhapna taripipun. Kadospundi angsal-angsalaning pangrêmbag, tiyang sajawining rakahrangkah. botên sagêd anyumêrêpi, namung têrang, bilih ing ngriku budidaya sampun wontên. Dados manawi dipun wastani gumintê botên tumut cawe-cawe babarpisan, punika sajatosipun lêpat.

Cara sêkolahanipun, guru punika asring mulang ingkang sae-sae dhatêng murid, lan sagêdipun dipun gêga, guru kêdah anyukani conto, inggih punika kêdah nglampahi kasaenan piyambak kadosdene ingkang dipun wulangakên dhatêng muridipun.

SamakeSamangke.

mangsuli dhatêng pabrik listrik. Pabrik listrik punika sade barang ingkang prêlu sangêt tumraping umum, inggih punika: lampu, ingkang minôngka kangge pêpadhanging kitha tuwin padhanging griyanipun satunggal-satunggiling tiyang. Gumintê punika ugi nyade dagangan ingkang prêlu sangêt tumraping umum, inggih punika: toya, ingkang kaombe ing umum. Jalaran saking punika, manawi gumintê mrihatosakên sayêktos dhatêng kabêtahaning têtiyang kukubanipun, anggèning ambudidaya supados mêdhaking rêrêgèn listrik, dhatêng pabrik listrik kêdah sagêd nyukani pasêksèn, inggih punika ngatingal-ngatingalakên ewahing jaman ingkang mahanani rêkaosing panggêsanganipun para têtiyang ingkang dados kukubanipun. Minôngka ngiyatakên punapa ingkang dipun tingalakên kangkekangge. pasêksèn wau, gumintê piyambak, pancènipun saangsal-angsal kêdah: glodhag, ugi nyukani conto, upaminipun kemawon lajêng sanalika: rêrêgèning toya: mandhap. Malah ngantos 50%.

Saupami gumintê piyambak anggènipun ambudidaya ajak-ajak ngêdhakakên tariping listrik wau, sarana dipun sukani conto mêdhaking rêrêgèn toya wau, sanadyan botên ngantos 50%, kintên kula pabrik listrik tamtu lajêng lingsêm, sarta lajêng gurawalan anggèning mêdhakakên taripipun kadosdene ingkang sampun kalampahan ing sanès-sanès panggenan.

Minôngka tutuping wawasan, kanthi sênênging manah ing ngriki kula sagêd anêrangakên, bilih toya pangunjukan ingkang kasade ing gumintê, miturut pawartos, samangke ... dèrèng mandhap.

Pênthul.

--- 585 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Grikênlan

Orêg-orêgan ing Grikênlan ingkang mêntas kalampahan punika pancèn sakalangkung ngêgèt, tuwin katingal ambêbayani sayêktos, ngantos sagêd nuwuhakên pangintên, bilih ing nagari Grikênlan badhe manggih jaman enggal. Nanging pinanggihipun lajêng rêp-sirêp kados botên wontên tabêtipun malih. Mênggah sabab-sababipun:

[Grafik]

Wadyabala parentah ing Athene ingkang têmbe wangsul tumandang nyirêp ura-uru.

Ingkang damêl orêg-orêgan punika nama Eleutherios Venizelos, satunggiling tiyang sêpuh ahli pulitik, nanging tandangipun botên kawon kalihan para mudha. Venizelos punika manggèn wontên ing pulo Kretah, prasasat mandhiri piyambak. Ing sarèhning Venizelos punika kadugi tumandang ingkang prêlunipun badhe ngêdêgakên panguwaos agêng, lajêng nêdya ngêndhih panguwaosing praja agêng ing Grikênlan, ingkang angayomi pulo Kretah. Nanging sarèhning kêkiyatanipun botên sapintêna, lajêng tumindak pados daya bêbantu dhatêng golongan ingkang angayomi, saha kalampahan sagêd angsal bêbantu wadyabala dharatan ing Grikênlan Makedoni tuwin sanès-sanèsipun, ingkang têtiyangipun pancèn kapetang sami rêmên damêl ura-uru.

Pancènipun makatên, tumraping tata kalairan Venizelos punika sampun mêngkêrakên dhatêng tindak ebah-ebahan, awit sampun ngumur tuwin sampun nate manggih kaluhuran, mila ing sadèrèngipun katingal pêcahing kabatosanipun, nyata katingal mungkul, ulah kaalusan, wusana kabatosanipun [ka...]

--- 586 ---

[...batosanipun] jêbul apangawak latu.

Kawibawanipun Venizelos wontên ing pulo Kretah, punika botên beda ratu, namung kaot botên anggadhahi makutha, amêngkoni rakyat kawan atus èwu wontên ing pulo ngriku.

Manawi mirid suraosing babad, pulo Kretah punika pancèn anggadhahi daya kêdah mardika, kados ta ing ngajêng kabawah Turki, ing ngriku lajêng wontên ebah-ebahan nêdya uwal saking panguwaosipun Turki, ugi sagêd kêlampahan. Sarêng sapunika karêgêm ing Grikênlan, inggih nêdya uwal malih, dados têtela, sanadyan dipun wêngkua ing bôngsa piyambak, inggih mêksa puguh nêdya botên purun.

Sayêktosipun manawi dipun manah panjang, tindakipun Venizelos punika ugi ragi nguciwani, dening mêmêngsahan kalihan kulit daging piyambak, saupami kasêmbadana inggih botên sapintêna kamisuwuranipun, awit nama ngrêbat panguwaosing bôngsa.

Tandangipun wadya ebah-ebahan wau botên anguciwani, dening angsal bêbantu tuwin dêdamêl ingkang sarwa mitadosi. Dene mênggah caraning tiyang abên êtoh, punika botên baèn-baèn, manawi mênang kukupanipun agêng sangêt, nanging manawi kawon, inggih badhe asok jiwa. Malah sanadyan bakunipun ingkang mangajêngi satunggal, nanging sadaya ingkang sami tumut ebah-ebahan, lajêng katut dados tiyang dêdosan agêng sadaya.

Nanging sadaya tindakipun Venizelos, punika sampun sarwa tata tuwin mapan, botên kenging dipun wastani mutatuli, awit, purunipun tumandang ing damêl, amargi rumaos sampun kuwawi rumagang yêktos, sampun anggadhahi kêkiyatan ingkang kenging kaajêngakên. Tumrap salêbêting nagarinipun piyambak sampun anggadhahi wadya kiyat, tumrap wontên dharataning laladan Grikênlan sampun angsal bêbantu.

Ancasipun Venizelos pancèn jêmbar sangêt, sawarnining èwêd-pakèwêd sampun dipun jaringi, dalah gêgayutanipun kalihan nagari sanès inggih sampun dipun manah èwêd-pakèwêdipun, tumrap praja ingkang kamanah nyamari, inggih punika Inggris tuwin Prancis, kaanggêp sampun kados mitra, dene tumrapipun kalihan sanès, dipun anggêp botên dados punapa.

Saya cènggèr malih sarêng golongan ebah-ebahan sagêd angsal bandhangan kapal pêrang, punika rumaos manggih wod ingkang sakalangkung mitadosi tumrap lampah tuwin tumindaking kabêtahan ing môngsa ura-uru wau.

Nanging lêlampahan ingkang dèrèng pinarêngakên, sawarnining sêdya malah ingkang sampun tumindak pisan, sanadyan ing sakawit katingal angajrih-ajrihi, lajêng prêk, dhumawah ing kasoran, tindak ambalela wau lajêng bibar dening kasoran prabawanipun praja Grikênlan ingkang taksih kasampiran wahyuning kamênangan, kathah para pangajênging ebah-ebahan ingkang kaukum kisas, dene Venizelos oncat dhatêng Prancis.

Wusana namung ngucap sukur, dene lajêng sirêp.

--- [587] ---

[Iklan]

--- 588 ---

Tanah dalah Tiyangipun

Kawontênan ing Gunungkidul.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 36.

[Pocung]

bapak pucung Bleberan sakulon Ngunut / wetan Banyusoca / bawah Playên Ondêr dhistrik / ana guwa kawêngku desa Mênggoran //

guwa iku Rancang Kêncana sinêbut / dadi palurugan / kèh plancongan para Wlandi / Jawa Cina mrêlokakên nonton guwa //

yèn dinulu rada adoh ora wujud / nora katon guwa / anane mung alas jati / yèn wus cakêt ya mêksa durung katara //

barêng mudhun anurut ôndha tumurun / ing têngahe lowah / ana wit gêdhe sawiji / lagi ngrêti yèn iku kang aran guwa //

tansah ngungun bola-bali pijêr gumun / locitaning driya / samono kwasaning Widhi / ngêndi-êndi kêbak rasa kasênêngan //

barêng mlêbu sing lowahan rada mudhun / ana papan jêmbar / eyub tur rêsik gumrining / gilar-gilar tan sarana sinaponan //

thênguk-thênguk hawane akèh kang mathuk / wèh sêgêring angga / sumusup ing pulung ati / anèng kono berat sagunging sungkawa //

nyawang dhuwur akèh rêrêngganing watu / kang tumata kodrat / têtulisan tharik-tharik / singa mrono padha tinggal tôndha asma //

nganggo kapur tir êcèt kalawan angus / êngês yèn sinawang / panyorèke rêbut inggil / kang angegla muwuhi asrining guwa //

ana banyu sing plangitan tètès têrus / tèse tanpa kêndhat / kagawa si watu gamping / suwe-suwe bisa mujudake rêca //

alus plunthus dêdêge amung sapupu / trus katesan toya / sok ana uwong ngutugi / nganti sangit kakehan kukusing mênyan //

wujud mau rupane irêng anggêndul / tau ana Wlônda / pirang-pirang padha aring / among suka kêmbul dhahar anèng guwa //

nganti tutug nyambi ngunèkke gramapun / plate warna-warna / tan ana rasa bosêni / padha sênêng para tuwan ondrawina //

guwa iku pêthane pêndhapa wangun / têrus nyang pringgitan / kudu dhingkluk ngati-ati / yèn sêmbrana bakal katatap ing padhas //

wus lumêbu nèng pringgitan nora sundhul / ana sangongrongan / têruse nyang omah buri / lumêbune kudu sarana ambrangkang //

pancèn ciyut bolongan mring omah pungkur / amung pas sabadan / pêtênge kapati-pati / lir mêtêngan picêk jengkol mèk-êmekan //

didhinamu kang nganggo batêri têlu / padhang tan piraa / pêpadhane amung sênthir / rêmêng-rêmêng temboking guwa katara //

wis diurut pêtha omah buri patut / jêmbar sangongrongan / kono ana pêthan mungil / gêmbok watu owal-awil anèng padhas //

ujar umum piandêle wong sadhusun / sapa bisa bukak / gêmbok mau bakal dadi / wong katrima wruh gêdhonging rajabrana //

duking waktu pamulangan nuju libur / ana murid têka / Rancang Kancana kakaring / rêca mau kinêpruk tugêl sakala //

trus lumêbu pêpêthane gêmbok mau / rinusak wantahan / mung kari tilase gêmpil / wusanane nyata ujare wong

--- 589 ---

desa //

murid mau pintêr anggone sinau / sabên taun munggah / mangkya wus sêkolah inggil / pancèn mandi ujare wong akèh nyata //

yèn diturut kêdhung Slèmprèt anjogipun / sangisore ôndha / songe ômba yèku margi / julêg pêtêng ambune mung têlèk lawa //

ana wuwus caritane anggadêbus / jare patilasan / satriya trah Majapait / klunta-lunta mring guwa Rancang Kêncana //

ajêjuluk Kyai Puthut Nyai Puthut / rèhne ora têrang / wong kono sing kaki-kaki / ora ngrêti larahe kala samana //

dadi angur cinupêt bae aluwung / puluh dicritakna / mung saka pangothak-athik / luwih bêcik golèk liyane kupiya //

ana lêmpung katiyasane linuhung / kêna kanggo kramas / cinampur banyu sathithik / yèn wus ajur sirah inguyêg warata //

nganti mumut warata nuli ginrujug / yèn wus rêsik tênan / diisis rambute garing / kumarisik rêsik ènthèng krasa sirah //

wus misuwur saka mônca padha jupuk / ing môngka kang ana / lêmpung kramasan mung bèji / Majasari bawah Playên wus kawarta //

bèji mau ana bêlike kang ngêtuk / anèng pinggir desa / uga anèng pinggir sabin / mêngko salin bêlik Jèbrès rinumpaka //

bêlik iku Jèbrès arane misuwur / papane adhakan / nanging rada kiwa sithik / buri masjid Playên akèh wong milala //

banyu iku bisa nukulake rambut / rawis bisa dawa / cocog lan jênênge bêlik / bakal bisa anjèbrès brêngose dawa //

kèh kang butuh wong adoh-adoh angluru / Jawa Lônda Cina / jupuk cacap buri masjid / nanging iku ana sirikane uga //

yèn wus ngunjuk banyu Playên nora thukul / nadyan sacêgukan / sarate yèn nyuwun dadi / saka paran jujug bêlik banjur kramas //

lamun purun banyu winadhahan gêndul / kanggo kang nèng griya / tumanjane sami ugi / padha dene nyuwun rambute bèn dawa //

[Grafik]

Lompongan guwa ing rêdi Gamping, Gunungkidul

salin wuwus sasat sabên uwong krungu / kalurahan Ngalang / bawah Pathuk ondêr dhistrik / ana gunung Gênthong arane kasusra //

gunung iku sungil rumpil akèh watu / nganggo mlangkah-mlangkah / julêg sawange nyamari / karekelan watune anyêngkal badan //

rèhning umum wus rusasukrumasuk. balung sungsum / kasêngsêm tirakat / nadyan adoh dilakoni / alon-alon lakune têrus anggliyak //

yèn kang kabul panuwune praptèng dhuwur / angrogoh bolongan / apa kono kang pinangkih /pinanggih. iya iku wus dadi sasmitèng angga //

K. 5587.

--- [590] ---

BATANGAN CANGKRIMAN VOLKSALMANAK TAUN 1935.

Kala dintên Rêbo tanggal 8 Mèi punika, cangkriman Volksalmanak taun 1935 sampun kabikak. ingkang nênggani, tamu: 1. Prof. Dr. G.W.J. Drewes, 2. Patih ing Betawi, 3. t. Saeroen, 4. t. P.F. Dahler.

Sanès tamu: 1. tuwan Pamoentjak, 5. t. Ahmad Wongsosewojo, 6. t. Koesrin, 7. t. Soemantri Hardjodibroto, 8. t. Bratakoesoema, 9. nonah Tanahatoe.

Batanganipun ingkang lêrês: Klapa, sarèhning wontênipun prijs namung 37 lajêng kaundhi.

Ingkang sami sangsalangsal. prijs:

1e. prijs f 1000.-: M. Soekarno, onderwijzer H.C. Mardi Siswo in Simo (Boyolali).
2e. prijs f 500.-: Partadimadja, guru dhusun Tigaherang, Rajadesa distr. Ciamis.
3e. prijs f 250.-: Bin Poetih, tani, Blp. No. 46 Landschap Tjoenda Lho'Seumawe.
4e. prijs f 100.-: Niniek, bakul sinjang ing Pasar loods Solok.
5e. prijs f 100.-: Ngapani, Kampung Bago, kita Tulungagung.
6e. prijs f 50.-: Bandjir, kakang prabu. Karangkembang Wetan No. 26 ing Semarang.
7e. prijs f 50.-: Efron, murid sekolah Goep klas. V ing Sumbawa.
8e. prijs f 50.-: Bachtijar Harahap, Krani II Limau Moengkoer Est. Senembah Maatschappij Tanjung Morawa, Medan.
9e. prijs f 50.-: R. Soewadji al Martodimoeljo, Stapelplaats Mantri bij het Boschwezen ing Trowulan post Mojokerto.
10e. prijs f 50.-: R. Hardjadikoesoemah, Posthuiscommandant 2e. kalihan. No. 16 Kazerne Politiek Kosambi, Bandung.
11e. . prijs f 50.-: Sanoesi, murid Inl. vervolgschool ing Kisaran.
12e. prijs f 50.-: M. Jasin Daulay, hulponderw. Siboehoean, post Gunungtua.
13e. prijs f 50.-: Raden Soerjadi, dhusun Tulungsari (Gebang) Blitar, p/a M. Soeradi Soebroto Pens. Mantri Sarem.
14e. prijs f 50.-: Benjamin Handowongko, Gepens. Sergt. 2e. kl. der. Inft. Kolongan I, Tonsea, Menado.
15e. prijs f 50.-: Kemas Ahmad bin K.H. Mattjik, Bakul ing Pasar Baru Sarulangun Jambi.
16e. prijs f 50.-: Soetan Naposo, Kleermaker ing Sipagimbar, Sipirok.
17e. prijs f 50.-: Sahir Wongsomihardjo, guru Volksonderwijs Wlaharkulon, Purwokerto (Banyumas).
18e. prijs f 25.-: Abdoel Manan gl. St. Koemaia, Volksonderw. Gang Padang 26 ing Kutaraja. (Aceh).
19e. prijs f 25.-: Koesaeni p/a Hadji Sihaboedin, Kauman (Bui-weg) Blora.
20e. prijs f 25.-: C.R. Oetomo, Schrijver bij de Assistent Wedono Paciran (Lamongan)
21e. prijs f 25.-: M. Soekardi, Tani (bakul) Nagrag Wanayasa (Purwakarta).
22e. prijs f 25.-: Soedjatma, particulier dhusun Walahartjageur Onderd lan distr. Lurahgung (Kuningan)
23e. prijs f 25.-: Soemodihardjo, Kranie Ondern. Wai Lima (Telokbetung).
24e. prijs f 25.-: Sapingoen, c/o Ardjoeno-school Jatilawang (Purwokerto).
25e. prijs f 25.-: Idroes, aannemer sela ing Surabaya onderd. Cicadas Kiara-Condong weg No. 508 Bandung.
26e. prijs f 25.-: R.Ng. Nojohartono, Notodiningratanlor (Solo).
27e. prijs f 25.-: Fangoemao Leboea, kleermaker ing Gunung Sitoli Tomorilo (Gunungsitoli).
28e. prijs f 25.-: Jonathan Naibaho, sudagar ing Siahaan Balian Samosir Pangururan.
29e. prijs f 25.-: Soekirlan, Kadjiweg 24 Batavia-Centrum.
30e. prijs f 25.-: Mioeng, chaufeur Firma Borsumij Batavia Ketapangweg (Tanahsereal) Batavia-Centrum.
31e. prijs f 25.-: Abdul Rachman, Gewezen Opzichter Landschap, Kp. Kantoor T.G. Puri No. H. 27, Sintang.
32e. prijs f 25.-: Ngadoel, guru sekolah klas II Patemon, Ngadirejo (Temanggung).
33e. prijs f 25.-: Moehd. Basir, ing Controleurskantoor Siak (Kp. Benteng) Siak Sri Indrapura.
34e. prijs f 25.-: R. Abdulrachman, landbouwer, Krikilan S.S./O.L. Banyuwangi.
35e. prijs f 25.-: Hadji Aboebakar, Klerk bij het Kantoor voor Inl. Zaken Batavia-Centrum (Wilhelminalaan 52 B. Gondangdia).
36e. prijs f 25.-: Gidion glr. Baginda Moeara, hoofd der Volksschool Kota Buluh Kabanjahe (O.V.S.).
37e. prijs f 25.-: Dirdjosoeharto, Schatter Pandhuis Balong (Ponorogo).

--- 591 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Bab Pènsipèr ing Mistêr Kornilis.

I

Garèng: Lo, Truk, kowe kok ana ing ngomah, tak arani kowe rak dadi unthule bojomu. Jarene bojomu saiki lagi buruh bakul saoto lan sate Madura ana ing phènsiphèr (Fancyfair) kang dianakake dening pakumpulan putri Kêmajuan Istri ing Mistêr Kornilis.

Petruk: Ngêtokake têmbung pirang kêcap, kowe kuwi, Kang Garèng, têka wis gawe kaluputan rong prakara. Kang kapisan anggonmu ngarani aku: unthul, rumasamu kuwi aku apa pupuran, têka kopadhakake unthul, nèk unthul kuwi rak gawaning waranggana kae, sing ngampil kinangane, wêdhak pupure, rokoke ...

Garèng: Ora Truk, ing sarèhne sing lagi kêtêngên kuwi bojomu, têgêse: kowe ora dikaruhake babarpisan, sing dipèk gawene mung bojomu, dadi yèn kowe têka ing pènsipèr kono, mêsthine pagaweanmu ora liya iya mung kayadene unthul kae, yaiku: ngladèni bojomu. Nèk bojomu arêp mangan, arêp ngumbe, arêp nginang upamane, iya kowe sing: sranthal, kudu angladèni. Ing sarèhne bojomu nyambutgawe kêras, supaya ing kiwa têngêne kono aja slênthang-slênthêng, sadhela-sadhela iya kowe sing kudu ngêcrut-êcruti lênga wangi nyang bojomu ...

Petruk: Wiyah, prasasat dadi sêlirane. Kaluputanamu kang kapindho, yaiku: kowe mêdèn-mêdèni wong akèh, kang anjalari bisa uga kurang bangêt wong-wong sing padha mrêlokake nonton.

Garèng: Wèh, hla ora ngrêti aku, Truk. Têka aku didakwa mêmêdèni uwong, kang atêgês: aku didakwa ngêtokake pambudidaya, kang bisa anjalari wong padha ora wani nonton. Aku salah apa, aku dosa apa, Truk.

Petruk: Dosamu, iya anggonmu ngarani: karamean sing dianakake dening pakumpulan putri ing Mistêr Kornèlis mau: pènsipèr. Awit mungguhing wong akèh, panampane nonton pènsipèr kuwi, ana ing kono kowe bakal dicukur, dikêlèti, dibrindhili ... kanthongmu. Mulane rumasane, yèn kanthonge ora motol-motol, aja sok lumêbu ana ing pènsipèr, luwih bêcik ana ing ngomah bae, nitik têgêse: têmbung pènsipèr

--- 592 ---

bae, wis têtela yèn karêpe arêp golèk dhuwit sing akèh bangêt. Têmbung pènsipèr kuwi cêkak aos têgêse: andhasarake barang dêdagangan warna-warna, kang olèh-olèhane kanggo kabêcikan, lan pangêdole kanthi rêrêgan larang bangêt.

[Grafik]

Garèng: Lo, apa ora mangkono, Truk. Kaya-kaya nèk aku ora kaliru, pakumpulan putri nganakake karamean mau, olèh-olèhane rak iya arêp kanggo kabêcikan, yaiku kanggo mitulungi: pangupakaraning bayi, karo: pangupakaraning wong pêkir miskin.

Petruk: Mula iya bênêr mangkono. Mung bae, barang-barang dêdagangan sing didhasarake ana ing kono, pangêdole ora kanthi larang bangêt. Mara, pikirên, miturut adhimu Makne Kamprèt, sarupaning dhêdhaharan, kaya ta: sêga gorèng, mi, saoto lonthong, sate Mêdura, lan sapêpadhane, kuwi ing dalêm sapiringe mung ngrong kêthip. Mara, saiki pandhingên karo dodolan ing restoran upamane, sêga gorèng: sêtêngah perak, mi gorèng: powatun, sladhah: alpêpop, hara, dodolan ing karamean kono apa ora jênêng murah.

Garèng: Ewasamono, Truk, wong iya kumpulane para putri, thik pyayi-pyayi kabèh, mêsthine sing dipasrahi nawak-nawakake barang dêdagangane kuwi, iya dipilihi sing wasis-wawis, sing manis-manis, sing mlênis-mlênis. Hla nèk kaya aku kiyi nganti kalakon ditawani dikon tuku, kathik nganggo disawat èsêm sing ulêng-ulêngan kae: môngga, mas bèi, kula aturi mundhut-mundhut. Kiraku ... ora kuwat aku, Truk. Ditawani barang kang mung ambêjaji sêtali, kêlakon tak ênyang sarupiyah, lan nèk ora kabênêran, kanthong isi kapat sasurupiyah, bisa tak wèhake kabihan.

Petruk: Dene ana wong mloto sing nganti kêladuk kaya kowe kuwi, lo, kuwi dudu salahe sing nganakake karamean mau, nanging salahe wonge dhewe. Nanging mula iya wis dadi wataking manusa umume ana ing dunya kene. Yèn dijaluki eklase, sanadyan kanggoa kabêcikan, lo, kuwi anggone arêp wèwèh iya alot bangêt, nanging yèn diapusi, dicanthèli kêmbang ing dhadhane upamane, apa manèh yèn sing nyanthèli kêmbang mau nyangik-nyangik bangêt,

--- 593 ---

o, iya banjur: grègèl, sêringgit ngono bae.

Garèng: Wis, Truk, ana kok banjur mêlèh-mêlèhake sing iya-iya mangkono. Saikine aku tak takon nyang kowe, nèk karamean mau ora kêna diarani: pènsipèr, hla, apa jênêngane. Apa pasar malêm.

Petruk: Pasar malêm iya dudu, awit awane uga dibukak. Mungguh jênêngane sing rada mathuk, yaiku basar (bazaar). Basar iki têmbung: Pèrsi. Têgêse: warung kang mêpaki, dadi nèk cara kene, cêkak aos iya: pasar. Tak anggêp jênêng iki mathuk, awit sing didhasarake ana ing kono kuwi mula iya pêpak bangêt.

Garèng: Wèh, hla nèk mêngkono, bêcike ayo padha nonton, Truk, jarene mlêbune tanpa bayar, dadi iya ora prêlu kelangan dhuwit. Mêngko nèk wis têkan ing jêro, kok ditawani dikon têtuku panganan, anggêre kene sajak kêcap-kêcap ngono bae, kira-kiraku iya bakal bisa diluwari ...

Petruk: Kathik kaya wong pasakitan, nganggo diluwari barang. Ora, Kang Garèng, sabênêre nèk koajak lumêbu, aku rada aras-arasên, awit dhèk mau aku wis diarih-arih karo adhimu dikon mèlu, nanging aku têrus ambêgêgêg: êmoh, êmoh, êmoh. Mulane yèn aku nganti jêmbuwal, katon ana ing kono rasane kok ora kêpenak. Dene nèk nontone mung ana ing jaba bae, ayo tak têrake, Kang Garèng.

Garèng: Ing sarèhne saiki wis rada kasèp, bêcike ayo padha nunggang dhilêman bae. Kowe aja susah kuwatir, Truk, cêkake jagung bakarane, tanggung prakarane, kabèh-kabèh mêngko aku sing ... ngênyang-ênyangake.

Petruk: Kowe sing ngênyang-ênyangake, aku sing ambayari, ta. Iya, wis, lumrahe wong ênom, kudu urun-urun nyang wong tuwa, anggêre ... aku pujèkna slamêt, ya pak.

Garèng: Endah-endah wong sêmbrana, masa, dipadhakake karo wong ngêmis bae. Wis, Truk, ayo padha linggih kene bae, panggonan sing pêtêng, prêlune kene bisa nonton saêpore, tur ora katon saka ing jêro kana, bang, kasih satenyah dhua puluh biji, kupatnyah dhêlapan.

Petruk: Mara, lagi mak grok bae, têka wis bêstèl sate lan kupat sêmono kèhe.

Garèng: Kanggo cagak êlèk, Truk. Wong mripatku kuwi sok duwe saradan, anggêre kêsuwèn anggone andêlêng pêpadhang kuwi, sok banjur lêr-lêran, mulane cangkême banjur kudu diwènèhi pagawean.

Wangsulan Rêdhaksi

Redhaksi Kajawèn tampi karangan bab: Tiban, ing Ngadiluwih. Sarèhning karangan wau botên dipun tôndha tangani tuwin botên wontên sêratipun sorogan, sintên ingkang kagungan karangan, kaparêng ngintuni katrangan.

Lêngganan nomêr 1879. 1. Sampun lêrês, 2. Lêpat. Lêrêsipun, wulan Bêsar 1866 umur 30 dintên. Taun 1866 umur 355 dintên, awit punika taun Wuntu. 3. Sêrat Kalasurya kapacak ing Volksalmanak taun 1933, 1934 lan 1935 rêgi a f 0.64 samangke taksih, nanging namung sakêdhik.

--- 594 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKI

Angsal-angsalanipun B.V.M. Kala wulan April kapêngkêr angsal-angsalanipun B.V.M. (tram ing Bêtawi) wontên f 25.705.01. ing wulan April pêndhakipun f 31.773.75. Januari dumugi April 1935 f 113.349.84, petang kados makatên pêndhakipun f 133.556.

Sêsakit Malaria ing Madura. Kawartosakên, ing dhusun Montok tuwin Bundêr sampun dipun amuk sêsakit malaria, wontên tiyang 141 tuwin 1780 sami sakit. Dokêr tuwin pangrèh praja sampun nindakakên rêrigên sapêrlunipun.

Rêmbag babagan tram. Benjing têngah-têngahaning wulan punika Gemeenteraad Bêtawi badhe parêpatan ngrêmbag babagan tram ing Bêtawi, ngawontênakên lampah têrusan saking Bêtawi dhatêng Mr. Cornelis, ugi badhe ngrêmbag bab sudaning prabeya.

Prakawisipun tilas hulpkassier Factorij ing Sêmarang. Landraad ing Sêmarang sampun wiwit mriksa prakawisipun tilas hulpkassier Factorij ing Sêmarang nama Goei Sam Soe, prakawis nyalingkuhakên arta f 61.000.~. Pasakitan ngatên lêrês sampun minggat dhatêng Boja, nanging arta wau sampun ical.

Pindhahan Bèngkèl S.S. Ing bab pindhahipun Bèngkèl S.S. ing Bandung tuwin Madiun, kintên-kintên badhe tumindak wontên ing wulan Oktobêr utawi November, ing ngajêng kawartosakên kintên-kintên wontên ing wulan Mèi utawi Juni.

Papriksan patilasan ing Sumatra. Awit saking tindakipun ahli barang kina Tuwan Schnitger anggèning sampun manggihakên patilasan tuwin barang kina, salajêngipun anglajêngakên lampah dhatêng Tapanuli tuwin dhatêng laladan Barumon, ing ngriku kakintên badhe manggih candhi agêng-agêng. Tindak wau dipun biyantu dening ahli barang kina tuwin golongan partikelir.

Salingkuhan ing Kencong. Miturut pawartos, salingkuhan arta, ing Irrigatie afdeeling Pakalèn Sampeyan ing Kencong, Jawi Wetan, gunggunging arta pinanggih f 41.864.08. Ing bab punika ingkang kêtênggêl ing pandakwa hoofdopzichter bangsa Eropa R. Nanging kajawi punika ugi ngèmbèt dhatêng punggawa ingkang dados karehehanipunkarerehanipun. wau. Punika nama kêthèk saranggon.

Pajêg radinan ing Probolinggo. Ing Probolinggo wontên tiyang 80 ingkang sami anggadhahi griya sewan gadhah atur dhatêng Gemeente, supados nyuda pajêg radinan. Wontênipun makatên amargi griya-griya sewan gadhahanipun têtiyang wau ingkang kothong mèh sapalih.

B.P.M. kêbanjiran kuli. Miturut pawartos, anggèning B.P.M. badhe nitipriksa kawontênanipun lisah ing Vogelkop, Nieuw-Guinea sisih Lèr, anjalari kathahing kuli ingkang nêdha padamêlan. Têtiyang wau ingkang kathah asli saking Ambon tuwin Sorong, sami numpak baita alit. Nanging têtiyang wau sami botên katampèn, amargi dèrèng pêrlu ngangge kuli. Nanging tumrap kuli-kuli ingkang asli saking Ambon anggadhahi pangajêng-ajêng, awit wontên pambiyantu saking panêdhanipun satunggaling warga Raad Kawula dhatêng B.P.M.

Dados mantri pulisi. Radèn Robertus Sunarjo, tijd. wd. ambtenaar bij den Inlandschen bestuursdienst ing distrik Kuthawinangun, Kêbumèn, katêtêpakên dados mantri pulisi ing Parêsidhenan Pêkalongan.

Têtiyang Philipina ingkang kacêpêng. Ing ngajêng sampun kacariyosakên bab tiyang Philipina ingkang kacêpêng prakawis misaya ulam. Salajêngipun katranganipun baita-baita cacah 11 ingkang kangge misaya ulam, sami kasèrèt dening kapal Albatros dhatêng Sorong. Baita 11 wau wontên ingkang dados gadhahanipun kaji kêkalih.

Tansah dados pasakitan. Kala tanggal 2 Mèi punika lêrêsipun Raad van Justitie ing Bêtawi mriksa prakawisipun dakwa J.P.A. J. awit nalika dados amtenaar Gupêrmèn jaman 25 taun kêpêngkêr nyalingkuhakên arta nagari pintên-pintên èwu, nanging salêminipun sabên badhe kapriksa botên nate dhatêng, kanthi angsal katrangan saking doktêr. Dumuginipun tanggal 2 Mèi wau ugi makatên. Sarèhning bab wau taksih nama wontên salêbêting papriksan, dados sanadyan sampun 25 taun laminipun, badhe botên kadaluwarsa, tuwin tiyang ingkang kadakwa inggih taksih têtêp dados pasakitan.

Arta manawi dèrèng purun ical. Ing bab prakawis pangagêng pagantosan ing Gondomanan Ngayogya ingkang kenging prakawis nyalingkuhakên arta f 8000,~, sampun katahan wontên pakunjaran ing Sêmarang, ngêntosi papriksan Justitie. Arta ingkang kasalingkuhakên wau ingkang f 6000.~ pinanggih dipun pêndhêm.

Partij Tionghoa Islam Indonesia santun nama. Sampun sawatawis dangu ing Makasar wontên pakêmpalan nama "Partij Tionghoa Islam Indonesia" inggih punika pakêmpalan Islam ingkang namung madêg saking golongan Tionghoa pranakan, nanging ing sapunika ugi nampèni warga tiyang siti. Salajêngipun namaning pakêmpalan kapindhah "Internationaal Islam."

Sarêm pêtêng ing Jombang. Satunggiling dintên pulisi ing Jombang nganggrak auto ambêkta sarêm pêtêng wawrat 500 katos. Auto wau asli saking Tuban. Salajêngipun pulisi gledhah dhatêng griyanipun bangsa Tionghoa ing kitha Jombang. Nanging dhatêngipun pulisi kasèp, sarêm pêtêng ing ngriku sampun kathah ingkang sampun dipun singkirakên, kantun manggih 20 katos.

Panyêgah t.b.c ing pamulangan. Pakaryan Kasarasan tuwin Departement Pangajaran mêntas mupakatan ngrêmbag tumularipun pênyakit t.b.c. ingkang lumantar saking guru dhatêng murid tuwin kosok-wangsulipun. Ingkang badhe katindakakên papriksanipun rumiyin tumrap guru-guru. Salajêngipun Departement badhe nyêbar sêrat wara-wara babagan punika.

Kanthong bagor. Kawartosakên, pakaryan babagan wana mêling kanthong bagor cacah 10.000 dhatêng Ngayogya, pêrlu kangge wadhah wiji-wiji.

ASIA.

Ura-uru ing Philippijnen. Ing Philippijnen tuwuh ura-uru ingkang kintên-kintên madêg saking golonganing têtiyang ingkang botên anyondhongi dhatêng wontênipun anggêr baku enggal. Ing bab lampahing telegram tuwin telefoon sami kandhêg. Wontên têtiyang ing gangsal provincie sami damêl arak-arakan. Wontên golongan ambalela asikêp sanjata ngêbroki gêdhong provincie ing Laguna. Sasampunipun dipun tanggulangi, golongan ambalela sagêd oncad saking ngriku, kanthi ngawontênakên pêpêjah. Ing provincie Cavite wontên golongan ambalela nêmpuh, lajêng dipun tanggulangi dening kasantosan pajagèn wadya lautan.

--- 595 ---

Wêwaosan

Wangsulipun Tarsan.

Piridan saking buku karanganipun Tuwan Edgar Rice Burroughs.

11

Sasampunipun makatên, Rokop lajêng badhe anêrangakên, bilih prakawis kêrtos punika ngêmungakên lampahing pitnahan kemawon, sarêng rekadaya ingkang makatên wau botên sagêd angsal damêl, lajêng santun salaga, ingkang dipun damêl awon namanipun punika, dede semah kula, nanging kula piyambak. Kala Polwic lumêbêt ing kamar kula, piyambakipun cariyos dhatêng kula, manawi kula purun nyolong sêrat-sêrat wêwados wau, saha lajêng kula sukakakên piyambakipun, inggih botên badhe anandukakên pitênah punapa-punapa dhatêng kula, nanging kosokwangsulipun, manawi kula nyelaki panêdhanipun wau, Rokop ingkang ngêntosi wontên ing sajawining kamar lajêng badhe enggal-enggal lapur dhatêng punggawaning kapal, nyariyosakên, bilih kula nglêbêtakên tiyang jalêr sanès ing kamar kula. Punapa malih Rokop ugi badhe sanjang-sanjang bab punika dhatêng sadaya têtiyang ingkang sami numpak ing kapal ngriku. Kajawi punika, samôngsa-môngsa sampun dumugi ing dharatan, inggih lajêng badhe angabarakên dhatêng para juru ngarang ing sêrat kabar. Punapa patrap ingkang makatên punika botên kasangêtên. Nanging kula nyumêrêpi mênggah ingkang dados wêwadosipun Polwic punika, saupami pulisi Rus anyumêrêpana, botên kenging botên piyambakipun tamtu dipun ukum bucal. Piyambakipun lajêng kula ece, kanthi kula ungêlakên, bilih botên badhe wani nindakakên ingkang makatên wau, lan salajêngipun piyambakipun kula bisiki, kula têdahakên satunggiling nama. Sanalika punika piyambakipun botên sarônta lajêng anêkêk gulu kula. Saupami panjênêngan botên enggal-enggal dhatêng nulungi, kula têmtu lajêng dumugi ing tiwas.

Mirêng andharan makatên punika, TarsTarsan. lajêng garundêlan. O, pancèn iya kewan èlèk.

Sang putri angandika: Awoning bêbudènipun tiyang kêkalih punika ngungkuli kewan, Tuwan. Malah sajatosipun inggih nama mathuk, saupami têtiyang wau dipun samèkakên kalihan setan. Amila kula tansah kuwatos dhatêng panjênêngan, awit panjênêngan sampun amijèni sêngitipun tiyang kêkalih wau. Jalaran saking punika panyuwun kula, mugi-mugi panjênêngan tansah prayitna lan ngatos-atos. Saèstu, tuwan, panyuwun kula punika mugi sampun ngantos panjênêngan lirwakakên. Jalaran, gèk sapintên gênging panlôngsa kula, manawi panjênêngan ngantos angsal kasusahan margi anggèn panjênêngan paring pitulungan dhatêng kula tuwin semah kula.

Tarsan amangsuli: Kula botên ajrih dhatêng tiyang kêkalih punika. Kula sampun nate gadhah mêngsah ingkang langkung ambêbayani katimbang Rokop tuwin Polwic, ewasamantên kula samangke taksih wilujêng. Kala punika Tarsan lajêng sagêd mangrêtos, bilih sang putri botên uninga babarpisan mênggahing punapa ingkang sampun kalampahan wontên ing Dhêrumolo, lan Tarsan ugi botên purun nyariyosakên babarpisan, kuwatos manawi sang putri lajêng alit panggalihanipun.

Salajêngipun Tarsan nuntên nyuwun pitakèn makatên: Minôngka kangge anjagi kasugêngan panjênêngan, punapaa bangsat kêkalih wau botên panjênêngan lapurakên dhatêng pulisi. Kula yakin, bilih pulisi têmtu tanpa suka ngapuntên malih.

Sakêdhap sang putri ing sêmu mangu-mangu anggènipun badhe amangsuli.

Ing wusana sang putri ngandika makatên: Anggèn kula botên anglapurakên dhatêng ingkang wajib, punika sayêktosipun wontên sabab kalih warni. Sabab ingkang kapisan anjalari Sang Grap botên mêntala anglapurakên kados ingkang mêsthinipun. Sabab sanèsipun, inggih sabab ingkang yêktosan, sarta ingkang ngêmungakên Rokop kalihan kula piyambak ingkang sumêrêp, adamêl ajrih tuwin kuwatosing manah kula, saupami ngantos kasumêrêpan ing liyan. Kula sok lajêng pitakèn dhatêng badan kula piyambak. Kala punika anggènipun ngandika sang putri ujug-ujug lajêng kèndêl, saha amriksani dhatêng Tarsan.

Sarwi mèsêm Tarsan apitakèn: Panjênêngan andangu punapa dhatêng sarira panjênêngan piyambak.

Sang Putri: Kula sok pitakèn dhatêng badan kula piyambak, punapaa ing bab punika têka badhe kula aturakên dhatêng panjênêngan, ing môngka dhatêng semah kula piyambak kula botên cariyos babarpisan. Kintên kula panjênêngan sagêd mangrêtos saha badhe sagêd paring pitêdah dhatêng kula, kadospundi mênggahing tindak kula ing salajêngipun. Kintên kula ing bab lêlampahan kula punika, panimbang panjênêngan botên badhe kêsangêtên.

Tarsan amangsuli: Kula kuwatos bilih panimbang kula punika badhe kirang adil, sabab saupami panjênêngan ngantosa amrêjaya tiyang pisan, sagêd kula ngêmungakên wicantên, bilih tiyang ingkang pinêjahan wau ngrumaosi bêgja dening ingkang dados jalaraning pêjahipun sarana margi ingkang kaanggêp adamêl pamarêming manah.

Sang Putri: Kula wajib ngucap sukur dhatêng Pangeran, dene dèrèng ngantos samantên awoning panindak kula wau. Nanging langkung sae kula [ku...]

--- 596 ---

[...la] ngaturakên sabab ingkang kapisan rumiyin, sababipun dene Sang Grap botên purun anglapurakên tiyang kêkalih punika dhatêng ingkang wajib. Dene manawi punika sampun rampung, sarta kula sagêd kawêdal ngaturakên dhatêng panjênêngan sabab ingkang ôngka kalih, ing mangke kula andharakên sababipun dene kula botên wani cariyos dhatêng semah kula piyambak. Sabab ingkang kapisan, sayêktosipun jalaran Rokop punika sadhèrèk kula jalêr, Rokop tuwin kula punika salêrêsipun bôngsa Rus. Saèngêt kula, Nikolas punika salami-laminipun tansah awon bêbudènipun. Ing kala rumiyin piyambakipun apangkat kaptin wontên ing golongan prajurit Rus, nanging lajêng kapêcat saking pangkatipun wau. Ing bab punika ngantos sawatawis lami dados rêmbag rame, nanging danguning dangu piyambakipun lajêng angsal pangapuntên saha lajêng sagêd angsal padamêlan malih wontên ing pakaryan sandi. Nikolas sampun marambah-rambah kadakwa anglampahi piawon, nanging salami-laminipun tansah sagêd luwar saking paukuman.

Tarsan apitakèn: Ing sarèhning piyambakipun sampun wongsal-wangsul badhe adamêl cilaka dhatêng panjênêngan utawi ingkang raka, punapa botên mêsthinipun, bilih wawênangipun dados sadhèrèk punika lajêng tumuntên kaicalakên. Manawi angèngêti, bilih piyambakipun wau tega damêl wirang dhatêng panjênêngan, inggih sadhèrèkipun èstri piyambak, kados sampun botên wontên paedahipun malih panjênêngan tansah ngeman dhatêng piyambakipun.

Sang Putri: Panjênêngan sampun kasupèn dhatêng sabab ingkang ôngka kalih. Saupami kula botên nêdya ngeman malih dhatêng piyambakipun, sanadyan piyambakipun punika sadhèrèk kula jalêr piyambak, ewasamantên kula mêksa botên sagêd nyelaki, bilih ing gêsang kula punika, kula sampun nate gadhah tindak ingkang kirang prayogi saha ingkang dipun sumêrêpi dening sadhèrèk kula jalêr wau. Jalaran saking punika amila kula ajrih dhatêng piyambakipun. Kados langkung sae bilih ing bab punika kula cariyosakên ing samangke kemawon, awit botên wande ing benjing têmtu kula aturakên dhatêng panjênêngan. Ing kala rumiyin, kula punika angsal panggulawênthah wontên ing salêbeting klustêr. Salêtipun kula wontên ing ngriku, satunggiling wêkdal kula pitêpangan kalihan tiyang jalêr, ingkang kula kintên satunggiling bangsanipun satriya. Kala samantên kula dèrèng gadhah pangrêtos dhatêng kawontênanipun tiyang jalêr, langkung malih tumrap ingkang dipun wastani: katrêsnan. Saking bodho kula, kula anggadhahi pangraos, bilih kula punika anggadhahi trêsna dhatêng tiyang jalêr wau, lan saking pangojok-ojokipun tiyang wau, ing wusana kula lajêng miruda kalihan piyambakipun. Niyat kula kêkalih nêdya badhe semah. Kêmpal kula kalihan tiyang jalêr wau kirang langkung wontên tigang jam, salêbêtipun samantên jam dangunipun punika, tansah wontên ing papaning tiyang kathah, kados ta: wontên ing sêtatsiun, sarta wontên ing salêbêtipun sêpur. Sarêng lampah kula kêkalih wau dumugi ing papan ingkang badhe kangge ningkahan, nalikanipun kula kêkalih mandhap saking sêpur, tiyang jalêr ingkang badhe dados semah kula punika ujug-ujug dipun cêpêng ing pulisi, makatên ugi kula inggih tumut dipun cêpêng. Nanging sarêng kula dongèngakên mênggahing lêlampahan kula wau, kula nuntên botên dipun tahan ing pakunjaran, nanging lajêng kawangsulakên dhatêng klustêr sarana kairid dening tiyang èstri sêpuh. Ing wusana kula mirêng pawartos, bilih tiyatiyang. jalêr ingkang mèh kemawon dados semah kula punika, sajatosipun dede bangsaning satriya, nanging inggat-inggatan pasakitan. Mèh sabên pulisi ing saindênging tanah Eropah punika sumêrêp dhatêng piyambakipun wau. Prakawis kula lajêng dipun sidhêm dening pangrèhing klustêr kasêbut ngajêng, dalasan tiyang sêpuh kula piyambak kemawon inggih botên sami mangrêtos. Nanging ing wusananipun, Nikolas pinanggih kalihan tiyang wau saha lajêng mirêng sadaya ingkang sampun kalampahan. Salajêngipun Rokop nuntên tansah ngancam dhatêng kula nêdya madulakên dhatêng semah kula, manawi kula botên manut miturut punapa ingkang dipun kajêngakên.

Sarêng sang putri rampung anggèning ngandharakên lêlampahanipun wau, Tarsan lajêng gumujêng saha wicantên makatên: Sayêktosipun panjênêngan punika taksih kenging dipun wastani lare alit. Lêlampahan panjênêngan ingkang mêntas panjênêngan ngandikakakên dhatêng kula punika, babarpisan botên badhe sagêd adamêl awoning asma panjênêngan. Saupami panjênêngan punika sanès lare alit, panjênengan inggih têmtu sampun uninga piyambak. Ingkang punika rêmbag kula, mugi mangke sontên panjênêngan amanggihana ingkang raka, sarta ngaturakên sadaya ingkang sampun panjênêngan ngandikakakên dhatêng kula wau. Manawi botên lêpat gagasan kula, panjênênganipun ingkang raka têmtu anggêgujêng mênggah ingkang dados kêkuwatosan panjênêngan wau, saha sanalika têmtu lajêng tumuntên ambudidaya, murih sadhèrèk jalêr panjênêngan wau enggal kalêbêtakên ing kunjara.

Sang Putri: Mugi-mugi kula anggadhahana kapurunan ingkang makatên punika, nanging kula punika rumaos ajrih sangêt. Wiwit alit mila kula dipun wulang supados ajrih dhatêng sadaya tiyang jalêr, ing sakawit kula dipun wulang kêdah ajrih dhatêng bapa kula, lajêng dhatêng sadhèrèk kula jalêr: Nikolas, ing salajêngipun kêdah ajrih dhatêng sadaya pandhita ing salêbêting klustêr. Mèh sadaya mitra kula sami ajrih dhatêng ingkang jalêr. Punapaa kula têka botên.

Sarwi sêmu gumun Tarsan awicantên: Mênggahing kula kados kalintu sangêt, saupami tiyang èstri ajrih dhatêng tiyang jalêr punika. Kula punika sumêrêp dhatêng gêsanging para mahluk ing salêbêting wana, ing ngriku botên wontên bangsaning èstri ingkang ajrih dhatêng ingkang jalêr punika, kajawi bangsaning tiyang cêmêng, ingkang mênggahing rumaos kula drajatipun langkung andhap katimbang sato kewan. Sayêktos, kula botên mangrêtos babarpisan, dene ingatasipun para pawèstri ingkang sampur luhur bêbudènipun têka ajrih dhatêng bôngsa priya. Tumraping kula piyambak, badhe ngraos nalôngsa sangêt, manawi wontên satunggiling pawèstri ajrih dhatêng kula. (Badhe kasambêtan).

--- 69 ---

Nomêr 18, taun V

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu.

Kucing Ngapusi Tikus

II.

[Mijil]

sajatine sajêroning ati / pan taksih kuwatos / mêlang-mêlang lan anolèh-nolèh / sumêlanging ati bokmanawi / cêmèng maksih urip / lagi enak turu //

yèn anubruk harak nyilakani / sae wangsul mawon / lêgan golèk momongan arane / karuhane yèn kèh kang ngancani / iya mêksa wani / munggah anèng punuk //

tikus jirih gôgancangan bali / lan kônca wus panggoh / akèh tikus kang dèn kumpulake / wise tata nuli dèn jarwani / ana kucing gêring / lagi enak turu //

sarirane kuru rada garing / maripate gêrong / sajakane wis mèh mati bae / mula ayo coba dèn cêdhaki / padha dipatèni / karbèn nuli rampung //

sajatine aku dhewe wani / nging mundhak tan ketok / wit tan ana ingkang wêruh dhewe / yèn ta aku kang bisa matèni / mula luwih bêcik / ayo ta dikrubut //

tan pinikir kabèh amangsuli / ayo kônca ayo / nanging apa baya gêgamane / e e aku duwe gaman luwih / tinggalane kaki / rupa êri kutuk //

o lah iya: aku rak nyimpêni / tumbak luwih ampoh / lèhku anggondhèlanggondhol. dhèk êmbèn kae / malah katutan iwak sairis / sapa wêruh giris / saking landhêpipun //

môngsa ngalahna sing dak simpêni / wujud kênthès bêndhol / gripis-gripis bongkot lan pucuke / dinggo mênthung mêsthi anglarani / bisa têrus mati / tanpa njaluk banyu //

ana manèh mak slonong nyêlani / karo mencas-mencos / yèn duwèkku mêsthi apik dhewe / sanadyan ta amung wujud tali / yèn digo nalèni / môngsa bisa ucul //

tikus jirih kang nyenapatèni / banjur aba songol / wis ta ayo aja rame bae / nuli mangkat mundhak sêlak tangi / awit uwis lami / rak ya sida wurung //

[Pangkur]

ing wuri ngarsa wis tata / pra prajurit bikut dènnya lumaris / samêkta gamaning pupuh /ana kang bêkta tumbak / sujèn sate kang binucal awor uwuh / dene ta bêbindinira / apèk balung pupu pitik //

pêpak gêgamaning yuda / kabèh ngrasa tan bakal nguciwani / mungsuh mêsthi bakal rêmuk / wit saka sinudukan / nganggo wêsi aji ingkang luwih ampuh / yaiku saka ri ulam / gone olèh ana piring // Bakal disambung.

Rr. Siswati, Bênêr - Purwarêja.

--- 70 ---

Wong Gêdhe

Wong gêdhe kang arêp dikandhakake iki, karêpe nuduhake gambare wong kang wujude gêdhe têmênan, ora gêdhe têgêse gêdhe pangkate.

[Grafik]

Ing Finland ana wong gêdhe dhuwur, jênênge Baine Myllyrinne. Wong mau gêdhe dhuwure nganti angèl dipindhakake, awit tumrap ukuran kang lumrah, lôngka kang bisa ngiribi karo uwong mau, dadi mungguh gampangane, uwong akèh ngarani buta.

Kang kacêtha ing gambar iku nalika wong mau arêp yasa panganggo, nuju diukur ing grêji. Nalika grêji arêp ngukur badaning klambi ing perangan dhuwur, kêpêksa nganggo mènèk ôndha, dadi cêtha pancèn dhuwur têmênan. Mêsthine rêganing panganggone luwih larang tinimbang rêrêgan lumrah, ora kêna dirampak dupèh klambi padha klambi. Mangkono uga ing bab mangane mêsthine ya nganggo ukuran luwih saka sapapanesapadhane. uwong.

Miturut warta, wong kang gêdhe dhuwur mau saiki nuju ana Weenen, prêlu golèk tandhing jotosan. Wah, mêsthine iya bakal rêkasa bisane olèh tandhing, awit mirid gêdhene, sapa bae kang katiban tangane mêsthi ambanyaki. Nanging samono mau iya durung kêna dipasthèkake, pasaksène wayang lulang kae, buta kang gêdhene sahohah, bisa kalah karo satriya kang cilik mênthik, kang saksat dudu tandhinge. Malah umuking satriya yèn disumbari buta kang unine: Kaci (kacèk) dhuwur. Wangsulane raja sinatriya: Raja sinatriya nabok êndhas buta ora ngandhani (nganggo ôndha).

Mirid anane wong gêdhe utawa wong dhuwur, iku sok kêna kanggo guyon, upamane ana wong lêmu èndhèk, banjur ana wong liya mangkene: Wah kowe saiki dadi priyayi gêdhe. Têgêse ngarani lêmu. Wangsulane: Iya, nanging ora bisa dadi priyayi luhur, karêpe sanadyan gêdhe, nanging ora dhuwur.

--- 71 ---

Anak Asu Ajag Wadon

Siji-sijining nagara, iku sok duwe dêdongengan kang anèh-anèh, kang tinêmune ana ing jaman kuna nganti kêtêlah ing salawase. Kaya ta ing nagara Itali, iku ana pakumpulan Fascist bocah, kang kêna malêbu dadi wargane ngêmungake bocah kang umur 4 tumêka 6 taun bae, dadi têtêp aran pakumpulan bocah têmênan, pakumpulan mau arane pakumpulaning bocah anaking asu ajag wadon.

Dene anane sêsêbutan kaya mangkono mau, dêdongengane mangkene:

Ing jaman dhèk biyèn, yaiku jaman kuna bangêt, ing Itali iku ana ratune, jêjuluk Prabu Romulus, iku nalika isih timur dicidra dening ingkang paman, dibuwang ana ing alas gêdhe, diarah tiwase. Nanging saka kamurahaning Pangeran, ing kono ana asu ajag wadon kang ngopèni sinatriya kang mêlasasih mau, ora beda kaya pangupakaraning biyung mênyang anake dhewe, kêlakon slamêt nganti gêdhe.

Wusana barêng ingkang paman nêmahi tiwas saka diwasesa, banjur bisa katêmu karo ingkang rama manèh, sabanjure yasa kadhaton ing Rome ana ing gunung Palatinus.

[Grafik]

Dadi pangaran-aran, anak asu ajag wadon, iku malah dadi kaluhuran, manut dêdongengane ing kuna mau. Mula wujuding bocah-bocah warganing pakumpulan Fascist mau iya brêgas-brêgas, kaya kang kacêtha ing gambar.

Wong Wadon Mabur

[Grafik]

Tumrape bocah-bocah, bab wong bisa mabur iku mêsthine wis suwe krungu, lagi bocah cilik bae wis bisa ngandhakake abure Radèn Gathutkaca. Tur abure tanpa piranti.

Dene nyatane saiki ana wong bisa mabur, nanging nganggo piranti, yaiku motor mabur. Malah saiki wis ana wong wedok kang bisa nglakokake. Kaya kang kacêtha ing gambar.

--- 72 ---

Es kang Ora Kêna Diombe

Padha-padha ombèn-ombèn, kang lumrah bangêt, iku ora kaya ès, ing ngêndi-êndi nagara mêsthi anane, sanadyan nagara kang adoh karo pabrik ès, iya nêkakake, kajaba kang pancèn ora bisa babarpisan.

Saka kêlumrahe, nganti têkan bocah cilik pisan, wis ngrêti kang diarani ès, saya manèh yèn krungu suwaraning klinthing, banjur ngrêti bae yèn iku wong adol ès, dadi mungguh ès iku anggone disumurupi wong kanthi sabab warna-warna.

[Grafik]

Jalaran saka kêlumrahe mau, wong bisa gawe pêpindhan, samôngsa anggrayang barang kang anyêp, banjur muni: wah anyêpe kaya ès.

Nanging tumrape nagara kang hawane adhêm, ing kalane môngsa padhidhing, jalaran saka adhême, banyune nganti bisa anjêndhêl dadi ès. Mêsthine ès kang kaya mangkono mau ora dibutuhake ing uwong, iya sapa ta, kang arêp ngombe ès ing môngsa kang adhême kranjingan. Lan manèh kang anjêndhêl dadi ès mau ora nganggo pilih banyu.

Kang kacêtha ing gambar iki, wujude ès kang padha nèmplèk ana ing pang-panging wit-witan lan sapanunggalane, wujude nganti kaya ès lilin.

Tumraping sêsawangan, yèn nuju môngsa adhêm kaya ngono mau ing ngêndi-êndi ketok mêmalêtuk putih, jalaran saka kawratan tibaning udan, kang diarani salju, yaiku udan ès, tibane saka nglangit malêtuk kaya kapuk diwusoni.

--- [0] ---

Nêtêpi Prasêtyanipun

[Dhandhanggula]

Ki Tumênggung Wiraguna angling / hèh mas patih priye karêpira / si mêngkonok onggrok kuwe / linampu milu lampus / ambelani kancanirèki / si pêdhot bêdhat liwar / lalu modar tatu / êmoh dadi sêlir ingwang / bangêt têmên gone tan dhêmên lan mami / mas patih matur nêmbah //

inggih têkdir pan sampun pinasthi / kêdah tan kenging kinarya wirya / manggih papa pantakane / inggih pun Rara Mêndut / tanpa damêl lamun ginalih / apan wus praptèng têmah / angandhêmi kukum / namung anggalih utama / wajib prêlu anyampurnakakên mayit / ngamalakên ngakerat //

kurmating suksma atilar jisim / amêmule pangulihe ajal / jisim marang bumi mangke / ingkang kalawan kubur / panjênêngan dalêm jêng kyai / pedah wakap sidhêkah / kautaminipun / sung pênêt ing kêmlaratan / jisim laip bongsislam pan inggih ugi / paduka kawajiban //

yèn kadugèkêna tyas kang runtik / mring jisim karsa pinurak-purak / nuhun kewala karsane / kirang utamèng ngèlmu / amba datan amêmancèni / mokal yèn kalêmpita / paduka wus mêngku / saliring rèh kautaman / inggih masa kilapa paduka kyai / sangêt atur kawula //

ki tumênggung angandika aris / iya bênêr mas patih turira / iyèngsun miturut bae / kang dadya prayogamu / inggih lamun parêng kiyai / pun Mêndut Pranacitra / tinunggilkên kubur / wong kalih dados satunggal / karantêne tiyang punika manawi / sampun sêcan janjean //

kula suwun panguburirèki / wontêna ing gadhuhan kawula / ing dhusun Ceporan mangke / ki tumêng ngling arum /Kurang satu suku kata: ki tumênggung ngling arum. iya apa karêpirèki / ingsun paring salawat / bae mring Ni Mêndut / rongpuluh reyal wragadnya / lan maninge ngong paring salawat maring / kancanira kang pêjah //

lurah roro iya nyèkêt anggris / bêkêl rongpuluh jajar limalas / iki paringêna age / kancamu ingkang lampus / anglakoni pakaryan mami / padha sidhêkahana / satutuge iku / têkane ing sèwu pisan / apan iku pratôndha asihing mami / kongsi praptèng antaka //

nyai ajêng mundhut arta nuli / prapta lajêng katur ingkang raka / gya pinaringkên mas patèh / banjur paringna gupuh / mring rayate kang sami mati / mas patih tur sandika / gya parentah gupuh / kuwandane Pranacitra / lawan Rara Mêndut kinèn bêkta maring / wismanira mas patya //

wus sinucèn layonira kalih / gya pitêtak ing dhusun Ceporan / kinubur dadya sijine / têrus parikanipun / luwang siji wong ro nglêboni / apan wus tunggal karas / Pranacitra Mêndut / patine Ki Pranacitra / wanci surup kinubur sirêping janmi / anèng dhusun Ceporan //

dadya katêlah prapta ing mangkin / kuburira Bagus Pranacitra / yèn Jumuwah Gra Kasihe / asring katingal murub / lêlabête wong mantêp budi / suka rêna asura / lêgawa ing lampus / narima marang kukuman / tan kumêdhèp ing pati pangidhêpnèki / tan kadung kaduwungan //

tan kaisèn liyaning pangèksi / nir rasane tibaning curiga / samèng layap pangidhêpe / tan dhompo tekadipun / Rara Mêndut bae kalingling / nora kalang alangan / gumêlênging kalbu / kang murba rasèng asmara / wus tumanêm têlênging wardaya kèksi / prapta ing padhêkikan //

tan pae paèsaning pangèksi / lan Rara Mêndut pabelanira / ing pati tan mangu-mèngèng / sêtya ubaya tuhu / pucuking kris cinipta rêsmi / kawawas ing asmara / ing pananjakipun / tan dhompo panthênging driya / angandhêmi wangsalan parikanèki / amung Ki Pranacitra //

lan Rara Mêndut roroning tunggil / gêlêng gumulung galang gulungan / kalihe tanna bedane / dadya budinya kumpul / marma murub kuburirèki / ing dina kang utama / mangunahing kubur / kabul dadya pakaulan / kaoling wong sapa kang arsaa laris / dènira bêbakulan //

anyadrana ing kuburirèki / Rara Mêndut ing dina utama / pasthi laris dodolane / lan sapa ingkang kaul / amêmule nyadrana ngijing / kubure Pranacitra / laris mring wong ayu / tuwin yèn arsa angiwat / myang pangantèn yèn tan atut palakrami / padha sira nadara //

myang wong rêmên kasukan amain / tirakata marang kuburira / pasthi sumbon krêp mênange / witne yèn ngadu sawung / glis katrima panêdhanèki / sawarnaning botohan / dherekan myang puyuh / kêcik jangkrik myang daluwang / kêplèk kècèk gimêr miwah dhadhu posing / tuwin traping ngawula //

Pêthikan saking Sêrat Pranacitra. Cariyos sih-sinihan kala jaman Mataram, nêngsêmakên, rêgi ... f 0.95.

Punapa saenipun Sêrat Pranacitra Lara Mêndut. 1. Sabab basanipun prasaja, botên dipun ngèl-ngèl, gampil dipun ngrêtosi, dados nêtêpi kajêngipun basa, inggih punika sok sintêna ingkang mirêng, lajêng ngrêtos.

2. Sabab panggambaripun lêlampahan sagêd cêtha, kaya iya-iyaa, plêk kalihan wontênipun. Dados nêtêpi dhatêng wajibipun tiyang cariyos. Wontên kaladukipun satawis,sawatawis. nanging prêlu kangge nyêthakakên gêgambaran, botên nama umuk utawi kalangkungan. Sadaya wau ambuktèkakên, bilih ingkang nyêrat punika tiyang ingkang sampun sêpuh, sampun anjajah sêsêrêpanipun, tur sampun botên kewran dhatêng panganggenipun basa.

Bale Pustaka, Batawi Sèntrêm.

--- [0] ---

KABEGJANIPUN TUKANG ANJALA

Saiki kowe njaluka gênti, kudu dakpatèni kêpriye. Endi ana wong ditulungi têka arêp malês pati. Mara katogna kadigdayan lan karosanmu, yèn kowe arêp matèni aku, ora-orane dak tinggal lunga. Anggêpmu bae apa, têka wani-wani arêp njabut nyawa. Saiki wêruha, aku kang bakal dadi lantarane nibakake sapudhêndhaning Pangeran marang kowe, marga saka anggonmu ora idhêp ing bênêr. Kowe bakal dak cêmplungake ing sagara manèh; lan aja kowe duwe pangarêp-arêp yèn ing têmbe bakal ana sing ngêntasake manèh, awit aku bakal omah-omah ing gisik, prêlune nunggu kowe; yèn ana juru amèk iwak ngêntasake bokor papan pakunjaranmu, aku bisa ngelikake supaya bokore dicêmplungake ing sagara manèh.

Mirêng têmbungipun tukang njala wau jim muntab nêpsunipun, budi ngêtog kadigdayan lan karosanipun, badhe mêdal saking ing bokor, nanging mêksa botên sagêd, jalaran tutup timah kêncêng botên kenging kabikak saking nglêbêt. Têlasing pambudi wusana lajêng ngalokro, wicantên sarèh sajak ngarih-arih: "Mêngko, ta, tukang njala, sabarna dhisik atimu lan sarèhna kêkarêpanmu, aja kêsusu mutusi prakara iki. Sajatine aku iki ora duwe karêp ala marang kowe; sêdyaku bêcik, aku rumangsa utang kabêcikan, kotulungi saka pakukuman. Dene anggonku ngena-ngene mau kae mung guyon, daksêngaja kanggo nyoba kakêndêlan lan tataging atimu."

Eh, bisamu nggêdêbus, apa kokkira aku ora ngrêti yèn anggonmu ngasih-asih kuwi mung arêp angapuskrama bae. Aku iki rak dudu bocah wingi sore, têka arêp kokjak guyon lan kok apusi. Mau kowe pêthanthang-pêthunthung, dupèh mênang gêdhe sajak kaya kuwasa-kuwasa dhewe. Saiki barêng wis êntèk budimu, banjur ngatokake watakmu sing ora bêcik, ngasorake drajatmu lan ngapusi, ora sêmbada karo gêdhe dhuwurmu lan kadigdayanmu, bisa manjing ajur-ajèr. Apa kowe ora isin nyêkukruk ngasih-asih marang manungsa sing kaya aku iki? Mau nurutana panjalukku, kowe ora nganti kaya mêngkene iki. Mau kowe ora duwe wêlas marang aku, saiki aku ya gênti ora gêlêm awèh pangapura marang kowe. Kowe bakal dakbalèkake marang papan pakunjaranmu, dakcêmplungake ing sagara manèh, supaya kowe lêstari ora bisa wêruh padhanging jagad nganti têkan dina tibaning pangadilane sing Maha Kuwasa.

Iya ta wis, tukang njala, aku saiki wis ngrumangsani kaluputan lan dosaku marang kowe, ora liya aku mung njaluk ngapura. Yèn kowe gêlêm ngapura lan gêlêm mbukak tutupe bokor bakal gêdhe piwalêsku, bakal sênêng uripmu.

Cêkake wis ora, yèn aku gêlêm ngapura lan nguculake kowe saka paukumanmu, kuwi aku jênêng ora ngeman marang awakku dhewe, njarag golèk sangsara, awit aku wis ngrêti marang wêwatêkanmu, dhêmên dakwênang, cidra lan ora têpa slira. Mêsthine kowe mêngko yèn wis dakluwari manèh, ora liya iya banjur mangkrak arêp mithês aku manèh.

Kowe aja kuwatir, ora-orane yèn aku duwe pokal sing ora bêcik manèh. Aku wani sumpah atas asmaning Allah; yèn aku kokluwari manèh aku ora nêdya ala, nanging nêdya bêcik, kowe bakal dakanggêp mitra lan dakkêpenakake uripmu.

Arêpa sumpah kae aku iya ora ngandêl.

Lo, wis dikandhani yèn anggonku sumpah atas asmaning Allah, kowe têka mêksa ora gêlêm ngandêl, apa kowe ora prêcaya marang kuwasaning Allah? Kowe rak iya ngrêti, yèn wong sumpah wis nganggo nyêmbut asmaning Allah iku kudu ditêtêpi, yèn ora ditêtêpi mêsthi bakal gêdhe sêsikune, apa manèh tumrap bangsaku jim.

Tukang njala dipun cariyosi makatên wau, dangu mèndêl kemawon, kalihan manah-manah; kabêkta saking sangêting pangidhêpipun dhatêng Pangeran, lajêng kados kaosikakên nêdya ngapuntên lan ngluwari jim, saugi jim purun sumpah atas asmaning Allah, wicantênipun: "Iya ta, jim, yèn kowe gêlêm sumpah atas asmaning Allah, aku ya gêlêm mbukak tutupe bokor. Wis enggal sumpaha."

Jim bingah manahipun, rumaos kados tiyang sampun pêjah gêsang malih, lajêng enggal sumpah: "Atas asmaning Allah kang Maha Kuwasa aku sumpah, sapa-sapa sing bisa nulungi aku, ngluwari saka paukuman, ora bakal dakpatèni, nanging malah bakal dakwalês bêcik, dakkêpenakake uripe."

Mirêng sumpahipun jim makatên wau tukang njala lajêng mbikak tutuping bokor. Bokor nuntên ngêdalakên kukus malih, jim mêdal kados ingkang sampun ...

PETHIKAN SAKING SERAT: KRATON MARMER, LELAMPAHAN Ingkang ANEH ANENGSEMAKEN.

Rêgi ... f 0.35.

WEDALAN BALE PUSTAKA - BATAVIA - CENTRUM.

--- [0] ---

Ôngka 39, Stu Pa, 14 Sapar Jimakir 1866, 18 Mèi 1935, Taun X

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [613] ---

Ôngka 39, Stu Pa, 14 Sapar Jimakir 1866, 18 Mèi 1935, Taun X

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Adminstrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpon nomêr 1743 - Bêtawi - Sentrêm.

Isinipun: Tatwawara - Wayang kalihan Islam - Bab: Monopoli Jalêr - Itali tuwin Ngabêsi - Yakawiyu - Bab Pènsipèr ing Mistêr Kornilis - Kabar warni-warni - Wêwaosan - Taman bocah.

Tatwawara

[Pangkur]

Yèn tapaning pra pandhita / mangkruk-mangkruk anèng agraning wukir / tur kang sêpi sunya samun / wus tanpa sêmang-sêmang / kang pinêlêng jroning pujabratanipun / amung rahayuning jagad / miwah sagunging dumadi //

dadi kêna ingaranan / nadyan iku maksih amêngku melik / nanging melik kang wis bubruk / tinampik mrana-mrana / aja manèh janma kang kawilang cukup / nadyan kang wus papariman / kipa-kipa moh nampani //

yèn tapaning pra satriya / anèng praja ulah yudanagari / anèng pasrawungan umum / tansah asung pêpadhang / ladak lirih nanging nora digang-digung / amumpuni ing aguna / sinêbar maring sasami //

parandene kèh kang ngrêbat / tan wruh dhiri sumêngka amagangi / toging ngêndon mangu-mangu / mèngêt gênging bêbaya / bali kasut padune dhêmên balubud / beda lan kang wus uligan / lêgawa têrusing ati //

yèn tapaning para wira / manggon anèng pucuking braja lungit / ora ulap non ing mungsuh / yutan wêndran makirnan / nadyan praptèng antaka mantêp mung gayuh / ayuning kang wadyabala / tan ngetang dhiri pribadi //

yèn tapaning janma lumrah / anggêr uwis padha bisa nyingkiri / panggawe kang nora jujur / kang gawe kamlaratan / uwis jênêng katrima ing uripipun / sukur yèn duwe turahan / gêlêm wèwèh mring si miskin //

--- 614 ---

Raos Jawi

Wayang Kalayan Islam

Sambêtipun Kajawèn nomêr 38.

Amila kajawi ingkang pancèn tunggil raos lan tekad, tamtunipun inggih pilih ingkang karsa ngakêni dhatêng lêlungidaning Kaislaman ingkang ginaib ing pakêliran ringgit purwa wau.

Wawasan bab têtingalan ringgit purwa gandhèngipun kalayan Kaislaman ing ngriki kula bukani saking pèngêtan ingkang cocog akalayan kawontênan lair.

Ing sabêdhahipun karaton Buda ing Majapait lajêng madêg karaton Islam ing Dêmak, iyasan ringgit purwa ingkang suwaunipun awujud ringgit bèbèr, lajêng ginubah awujud ringgit wacucal, ingkang anggubah para wali. Sanadyan dhapukaning lêlampahan sarta gêlaripun ringgit purwa wau taksih lêstantun lampahan Buda, botên namung mokal kemawon, nanging tamtu botên badhe kalampahan yèn ta para wali kala samantên sami anêmaha damêl tuntunan piwulang Buda sarana anglêstantunakên ringgit purwa wau. Tumraping panuntun Islam langkung-langkung para wali, bab punika tamtu mêngku karsa ingkang wigatos. Manawi kasawang saking lair kemawon gubahan ringgit wacucal saking ringgit bèbèr punika, saking sakêdhik para wali sampun sagêd ambrastha wêwujudan gambar ingkang tumraping Kaislaman adamêl samaring panyuraos. Awit patitising panyuraos dhatêng gambar-gambar punika, mênggahing Kaislaman wontên tigang prakawis. Inggih punika: wontên ingkang dhawah wênang, wontên ingkang dhawah mêkruh lan wontên ingkang dhawah musrik.

1). Ingkang dhawah wênang, têgêsipun dipun kengingakên, inggih punika sadaya gambar-gambar ingkang namung têtêp dados pasrèning bale griya sarta anggambarakên piwulang. Kados ta: gambar patamanan, kewan-kewan, pulo sasaminipun.

2). Ingkang dhawah mêkruh, inggih punika sadaya gambar-gambar ingkang nêrak kasusilan sarta sagêd anggugah dhatêng ardaning kanêpson ing lampah bandrèk utawi jina. Kados ta: gambar tiyang wuda, sapanunggilanipun.

3). Ingkang dhawah musrik, inggih punika sadaya gambar-gambar ingkang nuwuhakên pangaji-aji sinêngguh saged adamêl bêgja cilakaning manungsa. Kados ta: gambar dewa-dewa, sasaminipun ingkang kaaji-aji.

Ing môngka gambar ringgit bèbèr ingkang kangge mujudakên piwulang Buda kala wau, botên ngêmungakên kaaji-aji sarana sajèn saha kêkutug kemawon, nanging malah kaanggêp dados pamurunging bêbaya pasthi. Inggih punika wontênipun tatacara ngruwat utawi murwakala. Dados tuwuhing iyasan ringgit purwa wacucal saking ringgit bèbèr punika, para wali mênggahing lair sampun nama ambrastha wijining kamusrikan ingkang agêng piyambak. Saking kawicaksananipun para wali, wujudipun têtingalan ringgit purwa ingkang sampun dipun sênêngi ngakathah punika, pinanggihipun malah sangsaya dipun bangun saenipun.

Pasang rakiting pakêliran ringgit purwa iyasan Dêmak sadèrèngipun dipun wayangakên dening dhalang,

--- 615 ---

sanadyan dèrèng sampurna sampun sagêd mujudakên pralampitaning jagad saisinipun. Kados ta:

Kangjêng Sunan Kalijaga ingkang lêbda dhatêng alam kêkalih (Kabudan sarta Kaislaman) ing pèngêtan wau, nganggit: gadêbog tancêpan ringgit, kêlir sarta blencong. Punika mênggahing pralampita, mujudakên: bumi akasa sarta bagaskara.

Kangjêng Sunan Giri sarta Kangjêng Sunan Benang, nganggit wanara, bêbujêngan wana, prajuritan (prampogan), punika mênggahing pralampita, anjangkêpakên isèn-isèning bawana ingkang asipat makluk, awit bêsutan ringgit bèbèr iyasan Kabudan kala wau, sawêg awujud manungsa kemawon.

Kangjêng Sunan Swahngalam Akbar (Radèn Patah) ingkang minôngka kolipahipun para umat Islam nganggit simpingan pasang rakiting panata jêjêraning ringgit, sarta nganggit parêdèn ingkang katancêpakên satêngahing panggung kêlir, punika mênggahing pralampita, mujudakên purbawasesanipun jumênêng kolipah. Sadaya umat, agêng alit awon sae, kêdah kapranata kanthi purbawasesa ingkang jêjêg satêngahing pangadilan sarta santosa kados angganing wukir.

[Grafik]

Gunungan

Sadaya sangkêping pakêliran ringgit purwa dalah ubarampenipun wau, ingkang ngawontênakên para wali, utawi inggih manungsa. Sanadyan sampun sarwa jangkêp nanging sadaya wujud para dewa, manungsa, sato wana sapanunggilanipun wau, tamtu dèrèng gadhah daya mobah lan mosik punapa-punapa, manawi botên kanthi purbawasesanipun juru ngringgit (dhalang). Punika gathuking pralampita tumraping Kaislaman kalêbêt: iman ingkang baku (kapisan), sanadyan wontênipun jagad raya saisinipun punika inggih saking karsanipun Allahu Ta'lla, nanging sadaya wau inggih botên badhe sagêd gêsang kanthi mobah lan mosik manawi botên dipun gêsangakên dening Allahu Ta'alla. (ngandêl kita ing wontênipun: Allah). Badhe kasambêtan.

Siswaharsaya, Mataram.

--- 616 ---

Rujak Wuni

Bab Monopoli Jalêr.

Mênggah têmbung monopoli (monopolie) punika têgêsipun satunggiling wawênang ingkang kasampirakên dhatêng satunggiling bêbadan sarta botên kenging sanèsipun nindakakên. Kados ta upaminipun: Maskape K.P.M. gadhah monopoli nyewakakên baitanipun wontên ing jajahan ngriki, tiyang sanès botên kenging. Pabrik listrik ing satunggiling kitha gadhah monopoli nyade listrikipun, tiyang sanès botên kenging. Makatên sasaminipun. Dados têgêsipun monopoli: wawênang ingkang namung miyambaki.

Karangan punika mawi kula irah-irahi: monopoli jalêr, punika kajêngipun inggih wawênang ingkang namung kasampirakên dhatêng tiyang jalêr kemawon, dados wawênang wau inggih botên kenging dipun tindakakên dening tiyang èstri.

Mila kathah ing dunya punika wawênang ingkang kenging nindakakên namung tiyang jalêr, punapa malih tumrap ing dunya Jawi punika, kathah sangêt wawênang-wawênang ingkang namung kenging dipun tindakakên tiyang jalêr, botên pisan-pisan kenging dipun tindakakên dening tiyang èstri. Mênggah wontênipun wawênang monopoli jalêr ingkang makatên punika, ingkang sakawit bokmanawi jalaran saking anggènipun tiyang jalêr nyapèlèkakên dhatêng tiyang èstri, nanging sagêd ugi saking wêlasipun tiyang jalêr dhatêng tiyang èstri, awit dipun anggêp miturut anggêr-anggêring jagad anggotanipun pawèstri punika sarwa lêmês. Makatên ugi pikiranipun inggih sarwa cêkak.

Nanging jalaran saking saya majênging kaum pawèstri, monopoli jalêr wau saya dangu saya suda, lan ing têmbe bokmanawi sagêd kalampahan ical sadaya.

Bab punika tumrap kula piyambak inggih mupakat, waton wawênang monopoli jalêr satunggal thil sampun dipun rêbat inggih punika monopoli jalêr ... kenging rabi sêkawan.

Manawi nitik kawontênanipun ing samangke, mila inggih sampun kathah padamêlan ingkang suwaunipun namung dipun monopoli dening tiyang jalêr, ing samangke kathah ingkang sampun dipun tindakakên dening pawèstri, mriksanana kemawon kawontênanipun ing kantor-kantor, padamêlan-padamêlan ingkang suwaunipun namung katindakakên dening tiyang jalêr, samangke ingkang nindakakên bôngsa pupuran. Lan miturut lampahing panitipriksa, cêkaping panyambutdamêlipun kabaripun ugi mèh sami kemawon botên ngêmungakên pangkat ingkang alit-alit kemawon ingkang samangke kathah ingkang dipun cêpêng ing tiyang èstri, sanadyan pangkat ingkang kuwajiban tumut angrêmbag kabêtahaning praja, ing samangke ugi wiwit kabikak kenging dipun lêbêti dening para prajurit pawèstri, ingkang lajêng kêpêksa angewahi pranatanipun ngriku. Kados ta kawontênanipun pawèstri ingkang kawisudha dados warganing polêksrad punika kapêksa angewahi pranatan ingkang mungêl makaten: ingkang kenging dados warga polêksrad ngêmungakên tiyang jalêr ing Indhiya Nèdêrlan, inggih lêrês ewah-ewahanipun namung gampil kemawon, inggih punika: têmbungipun jalêr namung dipun karèt ananging rak inggih mêksa nama angewahi.

Manawi nitik kawontênanipun ing praja-praja Ruslan tuwin Tiongkok sampun kathah prajurit èstri, ing Eropah utawi ing Amerikah sampun pintên-pintên kathahing pulisi pawèstri, sêmunipun ing saindênging jagad punika sagêd badhe kêtularan, têgêsipun pangkat jalêr ingkang badhe dipun lêbêti tiyang èstri saya ngômbra-ombra.

Manawi sampun samantên lêpasing kamajênganipun dunya, punika inggih wontên saenipun nanging ugi wontên awonipun. Saenipun dene tiyang jalêr ingkang watakipun bêngis botên gampil anggènipun lajêng mungêl: mêngko tak pêgat. Têgêsipun: tiyang jalêr botên gampil badhe watak sawênang-wênang dhatêng tiyang èstri.

Kosokwangsulipun ingkang botên dados saenipun dene kaum angguran badhe saya andrêbala, jalaran kathahing tiyang ingkang sami mardika. Mênggah kajêngipun mardika ing ngriki makatên:

Tumrap tiyang èstri lajêng sanès ingkang dados pangajapanipun, ing môngka miturut wêwarahing agami: Gusti Allah tansah badhe anuruti punapa ingkang badhe dados panuwunaning kawulanipun. Ing jaman samangke ingkang panuwunanipun tiyang èstri umumipun: muga-muga ing besuk olèha jodho wong lanang sing brêgas. Pangajaping pawèstri ingkang makatên wau ing wusana lajêng malih dados makatên upaminipun: muga-muga ing besuk olèha pagawean sing pêngpêngan. Ing sarèhning Gusti Allah punika tansah badhe anuruti punapa ingkang dados pangajapaning kawula, satêmah para wanita wau inggih sami kalêksanan angsal padamêlan kados ingkang kinajêngakên. Ing sarèhning sampun angsal padamêlan sampun sagêd pados têdha piyambak dados sampun mêrdika, watakipun inggih lajêng malih, manawi wontên tiyang ingkang nglamar, inggih kathah pasang-girinipun: wonge apa brêgas, blanjane apa luwih akèh katimbang aku, lan sapiturutipun. Bawanipun tiyang jalêr, dipun abani makatên punika, inggih lajêng mungkrêt. Ing wusana pawèstri ingkang sampun nyambut damêl saha ingkang sampun santun salaga wêwatakanipun makatên wau lajêng kathah ingkang sami nêtêpi kadosdene paribasan: jarik luwas ing sampiran, jalaran kathah ingkang sami dados prawan kapiran awit tetiyangipun jalêr sami gila nglamar. Dados tiyang èstri wau gêsangipun lajêng ganjil botên sapasang, têgêsipun: padamêlan ingkang dipun lampahi wau namung kangge gêsang piyambakan inggih ing ngriku badhe icaling têmbung: batih.

Ing môngka têtiyang jalêr ingkang sami sagêd nyambut damêl mêksa botên sami angsal padamêlan dening karêbat ing tiyang èstri.

Kados sampun cêkap wawasan kula ing bab sadaya padamêlan kenging kabikak kangge tiyang èstri, lêrês botênipun sumôngga.

Pênthul.

--- 617 ---

Pawartos Sanès Praja

Itali tuwin Ngabêsi

Saya dangu saya cêtha bilih pasulayaning rêmbag, Itali kalihan Ngabêsi (Ethiopie) badhe botên gampil dipun sirêp, inggih sintên ingkang badhe sagêd nyirêp ubaling kanêpson ingkang gêgayutan kalihan praja lan bôngsa.

Tumraping pangudinipun ingkang sami angawaki kados inggih wontên sêsulak nêdya rukun, nanging nyatanipun tansah angosokwangsul kemawon, dene dumuginipun sapunika, malah saya mrêpêk katingal tôndha-tandhaning badhe campuh yêktos.

Mênggah têrangipun, parentah Itali sampun andhawuhakên sadhiya wadyabala prêlu kangge anjagi kawilujêngan jajahan Itali ing Aprikah Wetan. Wontênipun makatên, amargi pinanggihipun ing Ngabêsi ing môngsa punika saya botên têntrêm, kabêkta saking para rakyat Ngabêsi rumaos botên kenging kapênggak kanêpsonipun. Nanging mirid katêranganipun ministêr ing babagan prakawis sajawining praja Itali, babagan ingkang langkung dipun wigatosakên, punika ing bab anggèning Ngabêsi tumbas dêdamêl kathah, ingkang lèrègipun botên wande namung badhe numpês bôngsa ngamônca, mila Itali kêpêksa botên sagêd namung badhe kèndêl kemawon.

Sadhiyan wadyabala Itali ingkang badhe dipun bidhalakên wau kathah sangêt, mêndhêt saking pintên-pintên golongan, saha lajêng matah wadya sêsulih ingkang kangge anjagi praja.

Sayêktosipun tumrap Ngabêsi piyambak inggih sampun nindakakên rekadaya panyirêp, ingkang dipun sarirani dening sang nata piyambak, nanging sampun botên sagêd andayani, têtela bilih rakyat ing ngriku sampun muring-muring yêktos. Manawi mirid padatanipun bôngsa ing ngriku, punika pancèn satunggiling bôngsa ingkang rêmên pasulayan, sanadyan kalihan bôngsa piyambak, inggih tanpa kèndêl tansah garêjêgan. Nanging pinanggihipun ing sapunika, tumrap golongan-golongan ingkang rumiyin sami pasulayan, malah anggolong dados satunggal nêdya arêrêmpon kalihan mêngsah saking jawi. Para rakyat Ngabêsi ingkang dhatêng ing Adis Abeba punika pinanggih saking golongan warni-warni, wontên Islam, Kristên tuwin sanès-sanèsipun, nêdya badhe ambelani nagari. Sadaya wau lajêng sami kapurih anjagi tata têntrêming praja, kaprênahakên manggèn ing watês-watês nagari jajahan Itali ing Erythrea tuwin Somali.

Ing bab kawontênaning wadyabala, sayêktosipun tumraping Ngabêsi mênggahing sagêdipun ulah paprangan, tamtunipun inggih botên sagêd nyamèni Itali, awit wadyabala Ngabêsi wau ingkang kathah namung abôndha kapurunan kemawon, tumrap ingkang pangajaran yêktos, sanadyan inggih sampun kathah, nanging dèrèng sapintêna manawi dipun pandhing kalihan kawontênanipun rakyat sadaya. Namung mênangipun ing wawasan, tumrap bôngsa Ngabêsi punika sami

--- 618 ---

[Grafik]

Wadyabala Itali nuju baris wontên papan anggêgana Littorio, nalika mèngêti adêging wadya gêgana jangkêp 12 taun.

--- 619 ---

têtiyang tanggon, kuwawi sakit, dening kulina ngambah ing papan ingkang sarwa sarwa siluk sungil.

Manawi ngèngêti anggèning rakyat ing ngriku tansah pasulayan kalihan bôngsa piyambak, punika lôngka saupami tumindaking damêl sagêd golong sayêktos, nanging manawi mirid tekading para rakyat wau, ugi sagêd mèmpêr manawi sagêd anggolong, awit raos panganggêpipun bôngsa ing ngriku, punika tumraping mêngsah saking jawi, dipun anggêp dados mêngsahing nagari, ugi atêgês mêngsahing rakyat sadaya. Ingkang makatên punika lajêng mèmpêr bilih panjênênganipun nata ing ngriku botên sagêd nyirêp ubaling kanêpsonipun para rakyat sadaya.

Manawi angèngêti ubat-ubêting kabêtahan, têtela bilih sadaya punika namung adamêl jalaraning botên têntrêm, kados ta Itali, anggèning gadhah tindak anggêpuk Ngabêsi, punika kêgèndèng anggèning nêdya ngluhurakên nagari, awit luhuring nagari, botên sanès namung jalaran saking daya kakiyatan, dados sintêna ingkang nandukakên kakiyatanipun, manawi kasambadan, tamtu badhe manggih kaluhuran sayêktos. Makatên ugi Ngabêsi, sêdyanipun namung badhe panggah botên niyat purun dipun asorakên, sanadyan kadosa pundi kemawon. Dene katiganipun ingkang cêtha dados urub-urub, punika para ingkang sade dêdamêl, ing ngriku katingal saya ambingahi manawi wontên nagari pasulayan, awit lajêng pajêng dêdaganganipun.

Dados têtelanipun ing jagad punika namung kêdah rame.

[Grafik]

Blatin Geta Haroi ministêr sajawining praja Ngabêsi

Pawartos saking Administrasi

Ngaturi uninga, bilih Kajawèn nomêr 34 sarta 35 sampun sami têlas. Jalaran saking punika administrasi botên sagêd ngintuni dhatêng para priyantun ingkang ngantos 1 Mèi, dèrèng maringi pambayaran tumrap kuwartal kaping II.

Mugi sampun andadosakên cuwaning panggalih, saha dadosa pangèngêt-èngêt.

Administrasi.

--- 620 ---

Cariyos Kina

Yakawiyu

Sambêtipun Kajawèn nomêr 38.

Papan pakarangan ingkang badhe dipun dêgi masjid agêng punika wontên sêndhangipun, rèhning badhe dipun dêgi masjid, saking kêparêngipun kyai agêng, sêndhang wau kapindhah dhatêng èrèng-èrènging jurang sacêlaking masjid agêng, mila lajêng nama sêndhang Suran, têgêsipun sêndhang: sur-suran (sêmantên kalangkunganipun para wali). Kyai agêng lajêng dhawuh dhatêng putra wayah, sabên wulan Siyam kadhawuhan andarus Kuran, kyai agêng makmum salat tarwèh dhatêng Ngarab. Sakonduripun saking Ngarab lajêng angimami salat tarwèh ing masjid Jatinom. Dumugi sapriki sabên wulan Siyam darusanipun sontên, salat tarwèh dalu.

6). Sabên-sabên kyai agêng kakanthi Ingkang Sinuhun Sultan Agung jiyarah dhatêng Ngarab. Pinuju dintên Jumungah tanggal kaping 15 wulan Sapar taun Alip sinêngkalan: ratu sukci tata jagad (1511) kyai agêng kadhawahan apêm saking nginggil 3 iji, taksih angêt. Lajêng kawradinakên dhatêng putra wayah kanthi ngandika: apêm Yakhawiyu. Têgêsipun yakhawiyu, punika Gusti Allah ingkang paring kuwat. Apêm wau lajêng kangge jimat sarta tumbal ingkang kangge jimat ngalap dhatêng ingkang paring apêm tanpa sangkan. Dene ingkang kangge tumbal ngalap barkah ingkang ambêkta inggih punika Kyai Agêng Gribig. Lajêng kangge wilujêngan donga Yakhawiyu, mila sabên wulan Sapar kiwa têngênipun tanggal ping 15 para tilangtiyang. Jatinom sami wilujêngan apêm. Sasampunipun dipun dongani, yakhawiyu, lajêng karayahakên katêlah dumugi sapunika. Wondene wontênipun karamean adamêl rêjanipun pêkên lami (kangge papan karamean), awit pêkên kapindhah damêl pêkên enggal. Gancaran jiyarahipun kyai agêng botên katêrangakên, namung putra wayah manawi anggènipun angrayah apêm sagêd angsal kathah inggih badhe kathah kabêgjanipun. Mila pundi ingkang angsal kathah lajêng bingah-bingah, dados wontênipun karamean têtingalan punika susulan, sapriki laminipun sawêg antawisipun sèkêt taun langkung. Namung mirid cariyosipun para sêpuh, pundi putra wayah ingkang ngrayah apêm wilujêngan yakhawiyu wau sagêd angsal kathah sami bingah-bingah, wontên ingkang nanggap wayang, saha têtingalan sanès-sanèsipun. Sadèrèngipun wontên siti maluwa, inggih punika tilas pêkên lami, karamean wau manggèn wontên salêbêting kampung-kampung, nyewa griyanipun tiyang-tiyang ingkang wontên ing pinggiring margi, kangge toko-toko, têtingalan: andhe-andhe lumut, kumidhi, ringgit tiyang, sulapan lan sapanunggilanipun, mila saking kêparêngipun parentah rèhning wontên papan inggih punika tilas pêkên karamean kadhawuhan ngalêmpak dados satunggal dumugi sapunika.

--- 621 ---

Bab Asal-usul

Kyai agêng Gribig punika putranipun Sèh Kalangan. Nalika ngrasuk agami Islam asma: Sèh Wasi Bagêna II. Sèh Kalangan putranipun Sèh Pikirlêmbara, nalika ngrasuk agami Islam asma: Sèh Wasi Bagêna I. Sèh Wasi Bagêna I, putranipun Radèn Mas Guntur, Radèn Mas Guntur putranipun Sinuhun Brawijaya. Wontênipun asma Kyai Agêng Gribig punika namung saking canggahing Giri putranipun Sèh Wasi Bagêna I, ingkang dêdalêm ing Gribig. Giri - Ngibik = Garibig.

Katrangan.

Têmbung: yakhawiyu, punika saking têmbung Arab: yakwowiyu, têgêsipun: Gusti Allah asipat kuwat.

Adêg-adêg ôngka 3 wontênipun lajêng nama dhusun Jatinom punika kapirid mêndhêt saking: kajêng jati ingkang kangge masjid punika. Kajêng jatinipun taksih nèm (jati ingkang taksih nom, jati - anom), dene turunipun kiyai agêng ingkang ngangge sêsêbutan: Ki Pantèn sapunika kêlantur malih têmbungipun dados Ki Pangantèn, salah kaprah malih.

Adêg-adêg ôngka 4 papan ingkang kangge muja sêmèdi kyai agêng wontên ing ara-ara, ingkang lajêng nama: ara-ara Tarwiyah, lajêng dipun dèkèki têtêngêr awujud kijing dalah cungkupipun inggih punika papan pasujudan nalika muja sêmèdi wau, sawênèhing tiyang ingkang dèrèng mangrêtos punika pasareanipun: Kyai Sujud dipun manah sêkabatipun kiyai agêng, nanging kalintu, ugi kêlantur têmbungipun malih, saha kathah-kathahipun patilasan kina, ingkang têmtu kawujudakên kados pasarean.

Adêg-adêg ôngka 5, kawontênanipun sêndhang Suran, sapunika dipun damêl sae dening komite yakhawiyu, (pangrèh praja, ingkang wajib) tuking sêndhang dipun gêdhong, samôngsa kêramean para tiyang kathah ingkang mêndhêt toyanipun minôngka kangge jampi, ngalap bêrkahipun ingkang sumare, kajagi para pradikan ingkang wajib. Badhe kasambêtan.

R. Darmasunarya.

Nglêrêsakên kalêpatan

Ing Kajawèn nomêr 37 bab wayang kalayan Islam, ing kaca nomêr 583 ing nginggil sisih kiwa adêg-adêg sapisan ingkang mungêl manut karanganipun Ie Goesti Ktoet Poetra ... punika lêpat, lêrêsipun manut katêranganipun Ie Goesti Ktoet Poetra ..., saha ingkang ngarang sanès Siswa Handaya, nanging Siswa Harsaya. Mugi kauningana ing para maos.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 673 ing Timuran, tanggal 1 April botên mêdal Kajawèn. Nomêr pintên ingkang panjênêngan karsakakên.

Lêngganan nomêr 140 ing Randhugunting, botên sade.

Lêngganan nomêr 2637 ing Kotaraja, sampun têlas.

--- 622 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Bab Pènsipèr ing Mistêr Kornilis

III

Garèng: Ayo, Truk, saiki nyonyah bêsar wis kondur, ayo padha mlêbu. Wong aku sêlak kêpengin kaliling andêlêng sarupaning padhasaran ing kono.

Petruk: Iya bêcik, Kang Garèng, nanging, poma, wêlingku aja nganti lali nèk ana sing tawa apa-apa, kudu sajak kêcap-kêcap ngono kae, tur karo gèdhèg, supaya sing tawa mau bisa nômpa, yèn anggonmu ora gêlêm kuwi, sabab kowe wis têtuku, malah saikine cangkême isih mucu-mucu.

Garèng: Aja kuwatir, Truk, ora-orane aku bakal lali nyang wêlingmu, kang bisa agawe rugimu. Gandrik, kae wis ana priyayi putri tlebang-tlebang mrêne nyôngga tampah-e, baki, isi panganan warna-warna, awasna, Truk, bênêr apa ora anggonku nglakoni wêlingmu kuwi. Ah, Wis cêdhak saiki, Truk, nyahêm, nyahêm, nyahêm, nyahêm, cê-kik.

Petruk: Hara, rak banjur diliwati bae. Wèh, anggonmu sajak kêcap-kêcap pancèn iya kaya tênana kae, nanging sing muni mak: cêkik, mau apa, Kang Garèng.

Garèng: Wah, rugi tênan aku, Truk. Anggonku sajak kêcap-kêcap mau mèmpêr têmênan, sabab pancèn ana sing tak anggo kêcap-kêcap yaiku: sate sacuwil sing isih tak êmut, nanging saka dening kêdadak anggonku kêcap-kêcap mau, ujug-ujug banjur mrucut: cêkik, kêlêg, Truk. Wah, rugi sasayahe aku, kelangan êmut-êmutan.

Petruk: Wiyah, bok aja ngisin-isini mêngkono, nèk ana priyayi mirêng rak digêgujêng, nèk mut-mutane mau: kêmbang gula utawa hopyês, hla mèmpêr, wong mut-mutan têka cuwilan sate. Nah, dêlêngên, iki padhasaran janganan. Putri sing jaga kuwi Wara Sacahdibrata, garwane Up rêdhaktur ing Bale Pustaka. Lo kok banjur kêcap-kêcap. Apa wêdhus, doyan sayuran mêntah. Yèn sing diêdol ing kono kuwi dudu barang sing andadak kêna dipangan, iya ora susah sajak kêcap-kêcap mêngkono. Karo manèh tumrape jaman saiki, lêpasing kamajuaning kaum wanita kuwi durung samono, sing nganti wong lanang sing diwajibake tuku janganan.

Garèng: Maune ora dijangji dhisik, nèk ing padhasaran dêdagangan sing ora kêna dipangan, kudu seje pangaturan, mulane barêng priyayi

--- 623 ---

putri sing dhasar ana ing kono mriksani aku, aku iya andadak sajak kêcap-kêcap. Ora, Truk, kok rada anèh iki. Sing didhasarake ing kono kuwi wis cêtha wela-wela yèn kabèh-kabèh bangsaning sayuran lan janganan: kobis, buncis, sladhah, lan sapêpadhane, nanging sing ditawakake kok: pêlêm-pêlêm.

[Grafik]

Petruk: E, hla ora karuwanane. Priyayi sing ana padhasaran kuwi, priyayi bôngsa Sundha, ngandikane iya cara Sundha. Anggone tawa: mangga, mangga kuwi dudu: mangga: cara Mlayu, kang mula nyata atêgês: pêlêm, nanging mangga: cara Sundha iki padha bae têgêse karo: môngga: cara Jawa.

Garèng: Wah, kaliru manèh, dilalah dhèk mau aku kok iya lali, yèn ing kutha Bêtawi kuwi diênggoni wong sênenjong godhog, têgêse: diênggoni bôngsa warna-warna. Upama dhèk mau elinga yèn tawane nyang aku nganggo cara Sundha, wah, mêsthi sanalika tak wangsuli cara Sundha klayan a - lus bangêt kae, upamane bae mangkene: Nuhun, juragan sayuran.

Petruk: Hus, wong sêmbrana. Nèk ora ngrêti kuwi ambok aja diwêtok-wêtokake. Aku iya ngrêti yèn karêpmu kuwi pancène arêp angajèni marang sing dhasar. Nanging anggonmu ngêcakake têmbunge kliru. Awit, têmbung juragan, ing kono kok jupuk têmbung Jawa, kang atêgês: wong dodolan gêdhèn. Tumrape Jawa, yèn ana bakul jarit cilik-cilikan upamane, banjur kok arani: juragan jarit, têmtune atine iya sagajah abuh, sabab rumasa diumbul-umbulake. Nanging yèn juragan basa Sundha, kuwi seje manèh Kang Garèng, ing kono atêgês: bandara. Wis, wis, ayo saiki padha ngalih panggonan manèh.

Garèng: Wah, Truk, dêlêngên kiyi, padhasaran buah-buahan lan cangkokan, wèh, wujude le sari, asri, manis lan mèphèt.

Petruk: Wèyèh, kaya wong nganggo ikêt blangkon, diunèkake mèphèt. iki yèn kowe arêp wêruh sumbangan saka: pakaryan sêsuluh têtanèn, ingkang wadana ing Mistêr Kornèlis, asistèn wadana ing Pasar Minggu lan lurah ing kono.

Garèng: Iki jênêngane sumbangan royal, Truk, mèn taksanake bêndara dana sasistène lan lurahe pisan, cikbèn ing besuk krêsa nyumbang

--- 624 ---

kaya ngono yèn aku duwe gawe mantu ... awakku dhewe manèh.

Petruk: Lo, kok banjur mikir awake dhewe mêngkono. Iya ora bakal yèn wong lumrah nganti disumbang sing samono kuwi. Para priyayi mau krêsa nyumbang nganti sasayahe kuwi, anelakake jêmbare wawasane, lan luhuring bêbudène, dene krêsa amitulungi sêdyaning pakumpulan kang bangêt mulyane mau. saupama para priyayi ing Batawi liyane, sing sêngaja padha disêdhahi anjênêngi karamean mau, padha krêsa sêdhêkah sapra satuse kadarmane,: ndara wêdana Mistêr Kornèlis, ndara sistèn Pasar Minggu lan sapanunggalane, kiraku sêdyaning pakumpulan tumuli enggal bisa nglakokake kanthi tênanan. Saka pangèstumu, Kang Garèng, para sing sêngaja diulêmi mau, kabare sing akèh-akèh mula iya padha ... ora ketok.

Garèng: Ora kêna dipaido, Truk, iki jaman malèsê, timbangane dhuwit dibuwang-buwang kanggo sing mêngkono kuwi, rak aluwung kanggo ... dhomino. Ayo, Truk, saiki padha dibanjurake manèh.

Petruk: Hla, kiyi padhasaran ombèn-ombèn, ing sisih kene ombèn-ombèn sing angêt-angêt: tèh, kopi, soklat sapacitane pisan. Hla sing jaga kae Nyonyah Asikin, garwa komisaris pulisi. Sing sisih kana iya padhasaran ombèn-ombèn manèh, nanging ombèn-ombèn sing adhêm-adhêm, kaya ta: limun, èr blandhah, sêtrup, lan sapêpadhane, sing dhasar ana ing kono nyonyah dhoktêr Latip.

Garèng: Mêngko sik, Truk, êntènana kene, aku arêp prêlu sadhela. Wèh tiwas aku mlayu-mlayu, jêbul ora sadhiya, rekane mono aku arêp bêstèl ... bir itêm.

Petruk: Wiyah, apa mêntas manak apa, kok arêp ngombe bir itêm kuwi. Hla kana kae padhasaran dhêdhaharan: lonthong, saoto, sate, gadho-gadho lan liya-liyane manèh, sing jaga: Wara Suteja lan rayi Para:Wara. Makne Kamprèt, luwih bêcik padha disingkiri bae, mêngko aku mundhak didakwa sing ora-ora. Wis ora gêlêm ngêtêrake, jêbul mung gêdhedhar-gêdhèr kiyah-kiyah dhewe.

Garèng: Iya diwangsuli, tidhak phêrdhuli sama kuwe. Ora, Truk, kaya-kaya wis cukup anggone kliling, timbangane kalamênjingku têrus-têrusan munggah mudhun, ayo padha mulih bae. Mumpung isih sore, nèk-nèke bisa olèh impèn: mangan lonthong karo saoto.

Pawartos saking Rêdhaksi

R.Br. ing Sêmarang. Kajawèn sampun nate macak karangan kados makatên sakalangkung panjang.

R.S. Ing Surakarta. Kajawèn sampun macak gambar babagan punika.

Lêngganan nomêr 1762 ing Gabus, prayogi kintuna sêrat dhatêng Radèn Jayasuharta ing Gajahan, Surakarta.

Lêngganan nomêr 2011. Gambar kados makatên punika sampun kathah tiyang ingkang sade.

Lêngganan nomêr 2030 ing Klathèn. Ingkang sade Depot van Leermiddelen ing Batawi Sèntrêm.

--- 625 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKI

Persdelict Lapar. Botên dangu malih pangadilan Landraad ing ing Surabaya badhe mriksa prakawisipun Tuwan Ngadiono alias Suroto alias Wiryodarmoyo, redaktur kalarti "Lapar" kadakwa ngêwrat karangan ingkang raosipun badhe anjalari botên têntrêm ing umum. Karanganipun wau ciri "Beban kita kaum lapar" tuwin Jaman persatuan".

[Grafik]

Pirantos kangge ngundhi batanganing cangkriman Volkalmanak. Inginggil punika gambaripun tuwan-tuwan tamu punapadene ingkang sanès tamu wêkdal njênêngi pambikaking batangan cangkriman Volkalmanak, kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn kapêngkêr, sadaya sami ngadêg wontèn sacêlaking pêthi kajêng wadhahing sadaya batangan ingkang badhe kaundhi.

Bêbayanipun tiyang dagang. Mituut pawartos ing Bêtawi nate wontên tiyang dagang bangsa Tionghoa ingkang nglalu pêjah, jalaran saking kêkathahên sambutan. Dene jalaranipun ngantos makatên, amargi kathah para ingkang nyambut sami botên ambayar, wontêna ingkang ambayar inggih namung nicil saking sakêdhik sangêt. Para juru potang wau inggih sampun nate nêdha pitulungan dhatêng pakêmpakaling priyantun (punika tumrap ingkang priyantun) supados ingkang sami nyambut wau samia nyaur, nanging ugi tanpa damêl. Ing sapunika Weeskamer wiwit nindakakên babagan punika, botên sande tamtu badhe wontên punggawa nagari ingkang kêwiyak wêwadosipun.

Pados lisah pèt ing tanah Papua. Ing bab badhe ngupados lisah pèt ing tanah Papua, punika dipun tindakakên dening panunggilipun B.P.M., N.K.P.M. tuwin N.P.P., saha sampun akèn dhatêng Knilm supados damêl kar tanah Papua saking gêgana. Papan ingkang badhe dipun gambar kintên-kintên jêmbaripun wontên 10 yuta hectare, dipun gambar dening motor mabur 4. Padamêlan punika laminipun kintên-kintên sataun, badhe kawiwitan benjing tanggal 1 Agustus ngajêng punika.

Kamajêngan kitha Madiun. Saking sih pitulunganipun Tuwan Dokter P. Th. Pinontoan, kalampahan sampun ambikak satunggiling Polikliniek sontên ing Ingenluyfflaan 75, tumrap sadaya tiyang ingkang kirang cêkap, sarana prabeya ingkang sakalangkung mirah, inggih punika f 0,50 sadhatêngan wêwah rêgining jampi utawi suntikan ingkang ugi mirah sangêt. Dene manawi ngaturi, kangge salêbêting kitha namung wêwah f 0,25, minangka waragad lampah (K. 3111).

Badhe ngawontênakên lampah anggêgana dhatêng Manila. Miturut pawartos, Knilm badhe ngawontênakên lampah anggêgana saking Surabaya dhatêng Manila, mampir Banjarmasin, Balikpapan, Tarakan tuwin Sanbaoga (Philippijnen) dhatêng Manila. Sadaya wau dipun lampahi salêbêtipun 2 dintên, tumindak sabên minggu kaping 2. Ing têmbe Manila badhe dados têlênging pakèndêlan lampah anggêgana, awit saking Amerika sampun wontên, nglangkungi San Francisco, Honolulu tuwin Midway. Kajawi punika Tiongkok tuwin Jêpan ugi badhe makatên. Tumrap tanah ngriki, Surabaya ingkang badhe dados papan anggêgana ingkang agêng piyambak.

Mêsin kangge damêl ès lilin. Ingajêng ing bab wontênipun têtiyang damêl ès putêr tuwin ès lilin tuwin sanès-sanèsipun sami tumbas ès dhatêng pabrik. Nanging sapunika sarêng wontên bangsa Jêpan andhatêngakên pirantos mêsin ès ingkang prasaja, kenging kangge damêl ès piyambak, adamêl kasusahaning pabrik-pabrik ès. Ingkang langkung majêng bab punika ing tanah Jawi Têngah. Tindak makatên wau lajêng nuwuhakên pamrayogi supados kawatêsan.

Audientie. Benjing tanggal 19 Juni ngajêng punika, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana lênggah auidentie wontên ing pura Koningsplein, Bêtawi. Sintên ingkang gadhah sêdya badhe sowan supados macak sêrat paturan dhatêng ajudan dalêm ing Bogor, kanthi nama, tuwin ingkang dados kajêngipun, kasèp-kasèpipun dumugi sadèrèngipun tanggal 12 Juni.

Katrangan saking warga kabangsan Gemeente Surabaya. Warganing Gemeente Surabaya ing golongan kabangsan, badhe tumindak ing sabên minggu kaping kalih wontên ing dintên Salasa tuwin Jumuwah wanci sontên, ananmpèni pitakènipun sintêna kemawon ing baba babagan dêdamêlan, prakawis kuburan tuwin sanès-sanèsipun, manggèn wontên ing gêdhong Nasional. Pitakèn wau botên ngêmungakên tumrap golongan tumrap golongan partikêlir kemawon, ugi tumrap priyantun gemeente tuwin sanès-sanèsipun. Wontênipun makatên, sajatosipun taksih kathah têtiyang ingkang dèrèng dhamang babagan punika.

Tindak têgêlan. Ing Jêmbêr mêntas wontên bangsa Eropa nganiaya anakipun pèk-pèkan, tiyang siti, ngantos dumugi ing tiwas, mayitipun lajêng dipun kubur sêsidhêman. Dangu-dangu ing bab punika kamirêngan ing pulisi, lajêng dados papriksan, mayit dipun dhudhuk, dipun priksa ing doktêr. Salajêngipun dados papriksaning pulisi.

--- 626 ---

Cooperatie tumbas pantun. Miturut pawartos, para priyantun pensiunan ing Purwokêrto arukunan ngêdêgakên cooperasi tumbas pantun, panumbasipun manawi mangsa panèn, kasade benjing ing mangsa awis. Ingkang dados pangarsaning pakêmpalan wau Radèn Wêdana Dwijosewoyo, tilas warga Raad Kawula, kanthi ngayahi suka pawitan f 5000.-, waton tumrap warga sanèsipun ugi sagêd ngawontênakên arta samantên.

Volontoire Gemeente Bêtawi. Gemeente ing Bêtawi mêntas ngawontênakên vlontoire Gemeente ngriku, lajêng badhe mêwahi 12 malih. Pathokaning blanja, tumrap ingkang angsal pangajaran luhur f 50.- sawulan, Ind. Veeartsen, boekhoeder f 35.-, wêdalan H.B.S., A.M.S., K.W.S. f 30.-, Mulo f 20.-, pamulangan andhap pangajaran kilenan f 10.-.

Baris agêng ing Mangkunagaran. Kala dhawahing dintên wiyosandalêm. Sampeyan dalêm K. G. P. A. A. Mangkunagara ing Surakarta, kawontênakên baris mubêng-mubêng dipun tindhihi Sampeyandalêm Kangjêng Gusti piyambak, cacahing saradhadhu ingkang baris 1000, barisipun wiwit jam 7 dumugi jam 10 siyang. Sarampunging baris, wangsulipun dipun hurmati barisipun padvinder J.P.O. tuwin P.K.M.N.

Bab suntikan pest. Miturut ingkang sampun tumindak, ing bab suntikan pest punika agêng pigunanipun. Tumrap sabên cacah 10, wontên 9 ingkang tawa dening panularing sêsakit pest wudun, gunggunging tiyang ingkang tiwas namung 1/10, nanging tumraping pest paru, suntikan wau panularipun dhatêng tiyang sanès, katingal dèrèng andayani. Nanging manawi mirid kawontênan ugi taksih kathah ingkang kalangkungan kasuntik, inggih punika tumrap bayi, tiyang ingkang sampun kaki-kaki tuwin ingkang gumampil, punika inggih sampun agêng sangêt pigunanipun. Kadosta ing satunggiling onder distrik ing Priyangan, ing kwartaal 4 taun 1934 wontên tiyang pêjah142, sapunika namung 17. Dumunungipun sapunika tiyang ingkang dipun suntik sampun wontên 700.000.

Badhe gêgêntosipun Prof. Dr. E. W. Walch dèrèng wontên. Ing sasedanipun Prof. Dr. E. W. Walch ingkang jalaran kasangsaranipun motor mabur Uiver, ingkang kataros anggêntosi Dr. Otten, badhe kapatah mulang wontên ing pamulangan luhur dokter babagan geêondheidsleer, bacteriologie, tuwin serologie. Nanging Dr. Otten botên kapengin dados guru wontên ing pamulangan luhur dokter, langkung sênêng nglajêngakên pangudinipun bab sêsêrêpan.

Taman Siswa Surabaya badhe kikak pamulangan têngahan. Wontên pawartos, Taman Siswa ing Surabaya benjing wulan Juli ngajêng punika badhe bikak pamulangan têngahan kadosdene A. M. S. lamining sinau 2 taun. Dipun wulang bab têtanèn, ekonomi, bab ngarang sêrat, wosipun sawarnining wulangan ingkang ing têmbenipun gampil kangge pados têdha, tuwin inggih sagêd dados guru ing bab babagan kasagêdanipun wau. Sinaunipun enjing sontên. Ugi kawontênakên pamondhokan. Ingkang kenging mlêbêt ngriku, lare wêdalan saking taman Dewasa, Mulo tuwin sanès-sanèsipun ingkang sairib. Sawarnining pitakenan tumuju dhatêng tuwan Sunario Taman Siswa Kedungdara, Surabaya.

Prakawisipun tilas beheerder pagantosan ing Gondamanan. Ing bab salingkuhan arta ingkang dipun tindakakên dening beheerder pagantosan ing Gondamanan. Ngayogya, sampun badhe kapriksa, sapunika dipun tahan wontên pakunjaran ing Sêmarang. Ing sapunika wontên katrangan malih, kajawi nyalingkuhakên arta, ugi kasumêrêpan anggèning gadhah tindak nyalingkuhakên pamêdaling panyade barang-barang ingkang dipun pitadosakên dhatêng golongan partikêlir, inggih punika barang-barang mas intên ingkang kapurih nyadèkakên.

Prahara agêng. Nêmbe-nêmbe punika ing kampung Cijengkol, Cikoneng lan Pasir Batu distrik Majalaya, Bandung, wontên prahara agêng, ngantos sagêd ngrêbahakên griya cacah 12 wuwung lan kathah malih griya-griya ingkang payonipun sami kabur. Rahayu botên wontên kasangsaran tiyang.

Kasangsaran baita. Wontên pawartos, wontên satunggiling baita nuju nyabrangakên têtiyang dalah barang-barangipun wontên lèpèn Porong ing dhusun Bandarsari bawah Kabupatèn Mojokêrto, dumadakan baita wau kajumpalik, jalaran kêkathahên momotan. Wontên tiyangipun 8 ingkang tumut kêlêlêp.

EROPA

[Grafik]

Golongan wanita ing Pêrancis ngudi hak mêmilih. Inginggil punika gambaripun para wanita ing Pêrancis nuju nèmplèkakên sêrat-sêrat ing tembok punapadene ing panggenan sanèsipun minangka propagandhanipun anggèning ngudi hak mêmilih.

AUSTRALI.

Motor mabur manggih bêbaya. Kingsford Smith, juru anggêgana bangsa Inggris ingkang mêntas unggul nalika balapan motor mabur saking Inggris dhatêng Melbourne, ing sapunika nuju anggêgana saking Sidney dhatêng Nieuw-Zeeland, manggih bêbaya risak prabotipun wontên sanginggiling sagantên Tasman. Saking gêgana ngriku sampun kintun telegram anggèning manggih bêbaya, wontên pirantosipun ingkang dhawah, salajêngipun pêrlu ambucali momotan tuwin bènsin. Kapal loods ingkang kakintên sagêd têtulung sampun bidhal. Miturut pawartos ingkang kantun, motoring motor mabur wau ingkang têngah sampun risak babar pisan, nyamarakên sangêt dhatêng sagantên. Salajêngipun wontên pawartos, motor mabur wau sagêd mandhap ing daratan papan anggêgana ing Mascot, Sidney, kanthi anggêsangakên motor sarana ngêsoki lisah saking êndhas-êndhasaning motor mabur.

--- 627 ---

Wêwaosan

Wangsulipun Tarsan

Piridan saking buku karanganipun Tuwan Edgar Rice Burroughs.

13.

Kèndêl sakêdhap malih, minôngka mungkasi rêmbagipun wau, Polwic lajêng wicantên: Matur sèwu nêmbah nuwun, tuwan, dene panjênêngan tumuntên badhe pangkat. Mugi-mugi Ingkang Mahakuwasa aparinga ganjaran dhatêng kasaenan panjênêngan punika.

Sasampunipun anyanthèlakên tilpun malih, kanthi glêgas-glêgês Polwic lajêng murugi Rokop kalihan wicantên makatên: Sêtêngah jam manèh kiraku Tarsan wis ana ing kamare Sang Grapin. Yèn sajêrone saprapat jam iki kowe bisa ana ing dalême konsul Jêrman, kira-kirane têlung prapat jam manèh Grap Dhêkudhe wis bisa kondur nyang dalême. Kuwatirku mung saêbab, yèn si gêndhêng mau tumuli wêruh, manawa mung diapusi bae, mêngko gèk enggal-enggal banjur cêngkelak bali bae. Nanging yèn miturut wawasanaku, kira-kirane sang putri ora bakal enggal-enggal akon mulih Tarsan. Iki, lo, layange kanggo Grap Dhêkudhe. Wis, tumuli mlayua nyang gêdhong konsul Jêrman, lan wènèhna layang iki.

Polwic enggal-enggal lumajêng dhatêng gêdhong konsul Jêrman, sadumuginipun ing ngrika, piyambakipun lajêng amanggihi salah satunggiling abdi sarwi wicantên makatên: Sêrat punika kangge Sang Grap Dhêkudhe, sêrat prêlu lan kasêsa sangêt. Enggal sampeyan aturakên dhatêng Sang Grap. Kanthi amrêsèni arta saringgit, sêrat kasukakakên dhatêng abdi wau, sasampunipun Polwic lajêng enggal-enggal wangsul dhatêng pondhokanipun.

Botên watawis dangu Grap Dhêkudhe pamitan dhatêng ingkang kagungan dalêm, prêlu badhe maos sêrat ingkang mêntas katampi punika. Salêbêtipun maos sêrat wau, Sang Grap astanipun andharêdhêg, sarta guwayanipun pucêt. Mênggah suraosing sêrat punika kirang-langkung makatên:

Tuwan Grap Dhêkudhe, tiyang ingkang kêpengin ngrêksa kaluhuran panjênêngan, ngaturi pêpèngêt sarana sêrat punika, bilih kawontênaning dalêm panjênêngan ingkang suci punika, badhe angsal rêrêgêd. Satunggiling tuwan ingkang sampun pintên-pintên wulan laminipun, tansah mrêtamu ing ngriku, nalikanipun panjênêngan botên wontên, ing samangke sawêg pêpanggihan malih kalihan garwa panjênêngan. Manawi samangke panjênêngan enggal-enggal krêsa rawuh dhatêng kamaripun sang putri, têmtu badhe sagêd anêksèni piyambak.

Kula. Mitra Panjênêngan.

Watawis kalih dasa mênit sasampunipun Polwic nilpun dhatêng Tarsan, Rokop lajêng nyandhak tilpun nêdha dipun sambêt kalihan Sang Grapin. Ing kala punika ingkang nampi abdinipun sang putri, dene papanipun tilpun wau wontên ing kamaripun dandos sang putri.

Lumantar tilpun Rokop cariyos dhatêng abdinipun sang putri, bilih piyambakipun badhe prêlu rêrêmbagan kalihan sang putri. Kanthi kagèt pun abdi amangsuli makatên: Ing samangke botên sagêd, awit sang putri sampun mapan sare.

Rokop: Wontên prakawis ingkang wigatos sangêt, ingkang tiyang sanès botên kenging mirêngakên kajawi sang putri piyambak. Mila enggal sang putri mugi sampeyan wungu, sarta tumuntên kaaturana ngêntosi wontên ing sacêlaking tilpun, gangsal mênit malih kula tilpun malih. Sasampunipun wicantên makatên, Rokop lajêng nyanthèlakên tilpunipun. Botên watawis dangu Polwic dhatêng.

Rokop apitakèn: Kapriye, apa Sang Grip wis nômpa layange.

Polwic: Kiraku saiki wis mangkat mulih.

Rokop: Sukur, sukur. Saiki kiraku Grapin iya wis ana ing kamare dandan anunggoni tilpun. Lan ing sarèhne ora duwe kira-kira yèn arêp kadhawuhan, panganggone kiraku iya mung anggon-anggon sing kanggo turu. Samênit manèh têmtune: Jakus (Jacques) kang bakal mathukake sarta nglêbokake Tarsan ana ing kamare dandan Sang Grapin. Sang putri mêsthi bakal katon ayu bangêt, apa manèh manganggone mung anggon-anggon sing kanggo turu, têmtune saya cêtha mungguh endahing warnane. Nèk Tarsan ujug-ujug lumêbu ing kamar kono, sang putri mêsthine iya kagèt bangêt, naging bawane atine wis kêtuwuhan katrêsnan, kiraku ing batin sang putri mau iya ora bakal nêpsu, dene Tarsan dumrojog lumêbu tanpa larapan. Lan yèn Tarsan iki dudu wong cubluk bangêt, yèn ing mêngko Sang Grap ujug-ujug lumêbu mrono, têmtu bakal mênangi lêlakon sing anèh-anèh. He, Alènsis, kaya-kaya pitnahanku kiyi ora bakal bisa gagal manèh, ayo, Alènsis, saiki padha mêmuji supaya Tarsan bisa slamêt bae, awit kowe kudu ngèlingana, yèn Grap Dhêkudhe iku bôngsa ahli anggar sing pintêr dhewe ing saindênging praja Prancis iki.

Kacariyos, sarêng Tarsan dumugi ing ngajênging dalêmipun Sang Grap, wontên ing ngriku kapêthukakên dening: Jakus, kasêbut ing ngajêng.

Jakus awicantên: Môngga, tuwan, kula aturi miyos ngriki.

--- 628 ---

Sasampunipun wicantên makatên, piyambakipun lajêng ngirid Tarsan lumêbêt ing dalêm, dumugi ing satunggiling kamar, kanthi alon-alon Jakus sambikak kori sarta suka sasmita dhatêng Tarsan kapurih lumêbêt ing kamar ngriku. Sasampunipun Jakus lajêng kesah tanpa pamit.

Ing pojok kamar ing kala samantên Tarsan sumêrêp sang putri lênggah ing kursi ngajêngakên meja ingkang wontên tilpunipun. Lumêbêtipun Tarsan wontên ing kamar ngriku, ing sêmu sang putri botên mirêng babar pisan.

Tarsan: Dhuh, sang putri, wontên prakawis punapa ingkang wigatos.

Kanthi anjêgiratanjênggirat. saking kagètipun sang putri nolèh sarwi andangu: Tuwan Tarsan, wontên punapa panjênêngan rawuh mriki, sintên ingkang nglêbêtakên panjênêngan. Punapa ingkang dados krêsa panjênêngan.

Mirêng pangandikanipun sang putri ingkang makatên wau, saking kagèt sarta gumunipun, sanalika ngriku Tarsan ngantonngantos. botên sagêd ebah utawi ngucap. Awit piyambakipun botên nyana babar pisan manawi badhe manggih kawontênan ingkang makatên punika, nanging dangu-dangu piyambakipun lajêng sawatawis mangrêtos, bilih sadaya wau kintên-kintên namung pitnahan kemawon.

Salajêngipun Tarsan nuntên apitakèn: Punapa panjênêngan botên utusan nimbali kula, dhuh sang putri.

Sang putri: Kula ngaturi panjênêngan ing wanci dalu makatên. Punapa panjênêngan ngintên, bilih kula ing samangke ewah pikiran kula.

Tarsan: Jakus ingkang nilpun dhatêng kula, anyariyosakên, bilih kula kêdah enggal-enggal dhatêng mriki.

Sang putri: Jakus, sintên Jakus punika.

Tarsan: Miturut cariyosipun, salah satunggaling abdi panjênêngan.

Sang putri kalihan gumujêng: Kula botên gadhah rencang ingkang nami Jakus, gênahipun panjênêngan punika dipun apusi ing tiyang.

Tarsan amangsuli: Kintên kula, punika dede apus-apusan limrah. Nanging wontên pikajêngipun ingkang wigatos.

Sang putri: Krêsa panjênêngan kadospundi. Panjênêngan rak botên kagungan pangintên, bilih ...

Dèrèng ngantos rampung pangandikanipun sang putri, Tarsan anyêlani atur makatên: Wontên ing pundi Sang Grap samangke.

Sang putri: Anjênêngi karamean ing dalêmipun konsul Jêrman.

Tarsan: Botên kenging botên punika têmtu pandamêlipun sadhèrèk panjênêngan jalêr. Benjing-enjing Sang Grap têmtu badhe mirêng. Panjênênganipun têmtu badhe andangu para abdi sadaya. Sadaya têmtu badhe ngaturakên kadosdene ingkang dipun kajêngakên dening Rokop, tuwin ingkang dados pandakwanipun Sang Grap.

Sang putri: O, pancèn bajingan têmênan. Ing kala punika sang putri jumênêng saking palênggahanipun saha anyakêti dhatêng Tarsan. Sêmunipun Sang putri katingal ajrih sangêt. Sulaking mripatipun kadosdene mênjangan ingkang dhawah ing tanganipun grêma, ajrih lan pandirangan.

Saliranipun sang putri sakojur andharodhog, murih sampun ngantos dhawah ing siti, ing wusana sang putri nyandhak pundhakipun Tarsan sarwi wicantên bisik-bisik makatên: Kadospundi ing samangke. Botên wande saindênging kitha Paris benjing-enjing têmtu badhe sumêrêp sadaya. Awit pun bajingan punika, botên kenging botên, têmtu lajêng ambudidaya kanthi sakiyatipun supados kawontênan punika, kapacak ing sêrat-sêrat kabar.

Polatanipun, solah-tingkahipun, punapadene têtêmbunganipun, punika botên beda kadosdene caranipun pawèstri ing jaman rumiyin, ingkang sampun tanpa daya, angrêrêpa nêdha pitulung dhatêng ingkang mêsthinipun kêdah angayomi, inggih punika tiyang jalêr, Tarsan lajêng nyandhak astanipun Sang putri ingkang satunggal, ingkang tumumpang wontên ing pundhakipun. Anggènipun Tarsan nyandhak astanipun sang putri, punika bakunipun kadosdene botên dipun sêngaja, nanging sarêng sampun kalampahan nyêpêng astanipun sang putri, ing ngriku tuwuhing watak badhe angayomi lajêng tumindak piyambak, dumadakan botên kanthi dipun sêdya Tarsan lajêng angrangkul dhatêng sang putri.

Awit saking pakêrti ingkang makatên punika, satêmah anuwuhakên daya kadosdene listrik. Tarsan punika sajêgipun dèrèng nate cakêt sangêt kalihan saliranipun sang putri. Amila sanalika punika sakalih-kalihipun andadak tarik-tinarik sami kadunungan raos birai ingkang lajêng sami pandêng-pandêngan, lan ing ngriku ingkang pancènipun sang putri kêdah tatag ing panggalih, nanging wusananipun malah lêsu tanpa daya, kajawi sariranipun lajêng kasèndhèkakên wontên ing dhadhanipun Tarsan, astanipun inggih lajêng kumlawe botên dipun sêngaja angrangkul gulunipun Tarsan. Ing wusana Tarsan tanpa emut ing purwa duksina, ujug-ujug lajêng ngaras sang putri.

Kacariyos Sang Grap Dhêkudhe, sarêng panjênênganipun sampun maos sêrat ingkang dipun caosakên dening abdinipun sang konsul, sanalika punika ugi lajêng pamit dhatêng ingkang kagungan dalêm. Ing têmbe wingkingipun Sang Grap botên kemutan punapa ingkang dipun ngandikakakên rikala pamitan wau, awit ing kala samantên, saking pêtênging panggalihipun ngantos botên rumaos punapa ingkang dipun tindakakên, emutipun malih sarêng sampun dumugi ing ngajênging kori dalêmipun. Wiwit punika Sang Grap lajêng sagêd sabar malih lan tandang-tandukipun sagêd ngatos-atos sarta prayitna. Rikala Jakus kasêbut ing ngajêng, badhe nilar dalêmipun Sang Grap. Korinipun dipun sêngaja kabikak kemawon, kala punika Sang Grap ing bab punika botên babar pisan amigatosakên.

Kanthi alon-alon tindakipun Sang Grap anjujug dhatêng kamaripun sang putri. Sang Grap ing kala punika angasta têkên agêng, ing batos sêdyanipun namung badhe amêmêjahi. (Badhe kasambêtan).

--- 73 ---

Nomêr 19, taun V

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu.

Cangkriman

1. Etungên kêbo picak matane pira.

2. Awak bayi iku yèn dicukur wulune dadi kewan galak kang dumunung ing banyu, kewan apa iku.

3. Babi iku manawa dikêrik wulune banjur diwuwuhi sikil bisa momong bocah, apa iku.

4. Aja sok nyukur wulu alis, mêngko mundhak dadi pandhêlikane sato galak, dadi apa iku.

5. Jago iku yèn digrêmêti cêcak sok bisa dhomino, kapriye iku.

6. Sapi yèn dikêrok wulune banjur ditambah garan ngarêpe kêna kanggo ngrêsiki kandhange, dadi apa iku.

7. Suri iku mungguha ora nganggo wulu, para sadulur desa padha bungah, awit akèh sing slamêtan, dadi jênênge apa iku.

8. He kônca apa iya yèn jarak iku diulu ora susah tuku kathok, malih apa ya.

9. Ana sawijining kuli, lumaku turut dalan sêpur, barêng têkan sacêdhake krêtêk nuli nyimpang. ora suwe sikile kêblowok jugangan nganti ora ketok wusana kok kêna kanggo angguyang kêbo, dadi apa iku.

10. Sapa bisa ngulu gajah, sanajan kewan kang luwih santosa, môngka umume gajah iku kewan kang luwih gêdhe, kandhane wong-wong yèn diulu kêna kanggo ambakar sate, dadi apa iku.

11. Ati-ati lo kônca yèn nyèlèhke kaca, mêngko yèn kanggo linggih cêcak bisa dadi bumbu pêcêl, susah ora bisa ngilo, dadi apa iku.

O, kônca ora susah-susah mikir pambadhene, tak badhene dhewe, wong iya gampang bae kok.

1. kebo picak matane: 6, lawong: kêbo, sapi lan cêcak.

2. babibayi. dibuwang wulune dadi baya.

3. babi: dadi babu.
4. alis, dadi alas.
5. wong jagong.
6. sapi dadi sapu.
7. suri dadi Sura (sasi Sura).
8. jarak dadi jarik (jarit).
9. kuli dadi kali.
10. gajah dadi gajih.
11. kaca dadi kacang.

Kasban. p/a K. 3400 Carpentierstraat, Bandung.

--- 74 ---

Kucing-kucing kang Padha Pintêr

Tinêmune ana ing jaman maju, aja manèh uwonge, lagi kucinge bae iya maju, kaya ta kucing bisa ngêtik, kaya kang kacêtha ing gambar. Upama jamane aja kaya ngene kucing mau mêsthi bisa dadi klèrêk, nanging sarèhne lagi uwonge bae rêkasa, kucinge apa manèh.

[Grafik]

Ana manèh kucing bisa singên, lah anggone loap-laop cangkême loap-laop nganti ombu, patute singên cara Inggris, yèn kucinga Jawa, yake ura-urane mau ambukani lagu kêmbang kacang mangkene: sanyatane kamuktène uwong iku, esuk ngombe wedang kopi, ora lali nganggo susu, rotine kèju sumandhing, dhasar nganggo cêplok êndhog.

[Grafik]

Nanging mungguh nalare, tumrape bocah-bocah ing jaman saiki, mêsthine wis ngrêti yèn gambar-gambar mau mung kanggo mêmêtha bae. Dadi yèn ngrêti mangkono, têtêp anggone dadi bocah pintêr, ora kêna diapusi.

Mungguh cêthane, kucing kang kaya mangkono mau kanggo gambaraning piwulang bêcik, yèn kucing bae ngrêti lan srêgêp bisa nyambutgawe utawa maca, apa iya bocah nganti bisa kalah pangrêtine.

Lumrahing kucing iku yèn isih cilik sok dhêmên dolanan apa-apa kang ora ngrêti têgêse, nanging pasêmone sajak nganggo mêmikir, kayadene wong ahli pikiran.

Dene lumrahe kucing iku kang akèh-akèh, disênêngi ing bocah cilik, sok dibêbeda kayadene dijak gojèg.

--- 75 ---

Banjir Gêdhe

Kang kacêtha ing gambar iki, omah-omah ing kutha Jackson, Amerikah, ketoke kayadene manggon ing palêmahan kang rata, nanging satêmêne panggonan mau kêbanjiran.

[Grafik]

Jalaraning banjir mau saka baludaging banyu kali Missisipi. Kali mau kawarta gêdhe bangêt, mula yèn banjir têbaning banyu kang ngêlêbi panggonan iya jêmbar bangêt.

Yèn ngèlingi kaananing banjir kang kaya ngono mau nandhakake yèn banjir iku sawijining kasangsaran, yèn ngêlêbi pasawahan utawa pakêbonan, bisa anjalari pacêklik, lan bisa anjalari gawe karusakaning nagara, malah bisa gawe pêpati barang.

Banjir kang diarani gêdhe, anggone gawe karusakan sok nganti ngeram-eramake, krêtêk-krêtêk kang santosa bangêt, bisa dhadhal dening karosaning banyu.

Kaya kang kacêtha ing gambar, iku wujude pèni. Nanging yèn dipikir dawa, satêmêne ing panggonan kaya ngono mau kêbak kasusahan. Saya tumraping banjir kang nrajang padesan ing tanah kene, iku tinêmune mung gawe ngêrêsing ati.

Sarèhning banjir iku sawijining kasusahan, mula tumraping bocah aja nganggêp kasênêngan. Lan manèh aja sêmbrana ngambah lan dolan ing banyu, bêcik kang padha ngati-ati.

--- 76 ---

Kucing Ngapusi Tikus

III.

[Pangkur]

yèn mungsuhe arsa mentar / gya binônda sampun sadhiya tali / angsal saka usus-usus / saking sruwal sinêndhal / tikus jirih dadi têtindhihing pupuh / lakune kinarya-karya / nèng ngarêp sajak gumaib //

wus tan kocap anèng marga / pra prajurit lajêng laju lumaris / anjujug ing ênggonipun / kucing kang mangun tapa / barisane tinata turut aruntut / datan nganggo taha-taha / pra wadya sigra ngêbyuki //

tandangira lir rasêksa / anamakkên gaman tan pilih-pilih / pating cruwit swaranipun / rumasane sêsumbar / pan kocapa kucing kang kuru anglayung / gêgaman nora rinasa / salugut datan ngalisik //

mangkana pan lama-lama / bala tikus dènnya amagut jurit / saya ngrasa sayahipun / kocap pangarêping prang / tikus jirih nadyan nora milu-milu / nanging jare iya sayah / nuli aba lèrèn dhisik //

banjur padha rêrêmbugan / wus têtela yèn kucing isih urip / nanging apa sababipun / dene tan arsa nglawan / harak lumrah yèn kucing mangani tikus / awit satru bêbuyutan / ewuh dènnya samya mikir //

tikus kang wus rada tuwa / nuli clathu mring kônca-kônca lirih / yèn kowe padha amathuk / prayoga cinêdhakan / ditakoni karêpe si cêmèng iku / ana gawene apa ta / dene kok nganèh-anèhi //

tikus mangsuli barêngan / bêcik ayo dha nêkad diparani / kudu nglawan iya êmbuh / nanging padha prayitna / anggêr kucing katon obah kudu mlayu / awit yèn ora mangkana / bakal kêtiwasan masthi //

tikus sigra samya mentar / mlaku alon sarwi angliling-liling / brêngose dèn êlus-êlus / barêng wis padha cêdhak / tikus tuwa andhisiki mundhuk-mundhuk / nèng ngarêping kucing mêndhak / ya ta tikus anabda ris //

e, e, kucing kang digdaya / apa baya gonmu nèng kene iki / aku kabèh padha gumun / dene dèn idak-idak / ngong suduki tinumbak mawantu-wantu / samya angêtog karosan / nging sira tan arsa nglisik //

kucing alon saurira / nanging awak tan nganggo owah gingsir / sumêlang tikuse mlayu / e, tikus mangrêtia / anggon ingsun ngalemprak nèng kene iku / nganti sawatara môngsa / nyêgah dhahar lawan guling //

jatine apan mangkana / aku iki diingu dening janmi / dikon nyirnakke pra tikus / mrih aja gawe godha / angrêrusak sabarang dèn obal-abul / gêlêm mangani panganan / mung tansah grêgêtke ati //

nanging aku tan mêntala / awit kowe kabèh bangsamu iki / rak ya urip aranipun / nadyan gawemu ngrusak / priye manèh mêsthine mangkono iku / wit tan ana marga liya / liyane angrêrusuhi //

arak jênêng siya-siya / yèn ta aku banjur gêlêm nuruti / karêpe manungsa mau / angur baya matia / timbang aku nyiksa nyirnakke bangsamu / mula nganti datan bisa / mangan wit tan na mènèhi // Bakal kasambung.

Rr. Siswati, Bênêr - Purwarêja.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 41, Stu Wa, 21 Sapar Jimakir 1866, 25 Mèi 1935, Taun X

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [645] ---

Ôngka 41, Stu Wa, 21 Sapar Jimakir 1866, 25 Mèi 1935, Taun X

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Jurungarang - Administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpon nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Tatwawara - Wayang kalihan Islam - Jaman Enggal - Adpêrtènsi - Timbuling Wanita - Bab Sêsakit Ayam - Urutipun ingkang Jumênêng Pêpatih Karaton Dalêm ing Surakarta - Ambêkta Mayit dhatêng Kuburan - Bab Jêjodhoan. - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Tatwawara

[Durma]

sapa wonge koncatan ing bôndha donya / ora wurung sinirik / marang para mitra / sanadyan kadang warga / mêntala padha ngêdohi / wus tanpa tilas / malah dèn èsi-èsi //

parandene mêksa durung sapiraa / iku lamun tinandhing / lan wong kang koncatan / mring kaadilanira / wit sanadyan sugih picis / myang rajabrana / nanging mung amuwuhi //

bawuring tyas satêmah anunjang palang / kadi polahing pitik / cinonthong ing bocah / tansah dadi paguywan / yèn rumasa gone urip / tinitah janma / sayêkti duwe isin //

sêngit marang pakarti dur lan candhala / mêsthi slamêt pinanggih / nanging sêngit marang / wonge kang dur candhala / sisip sêmbir bilaèni / dèn wruh ing pilah / aja lir bocah cilik //

sakabèhing panggawe iku cithakan / têgêse mahanani / ing kono dèn yitna / mêsthi bakal katêkan / iya yèn anyithak bêcik / angakak suka / yèn ala yêkti pangling //

kudandapan kagum golèk pandhêlikan / tan wruh tansah tut wuri / kêncêng ngrangkul jôngga / ngapithing tan kêna wal / apa padha nora wêdi / mring wèting jagad / kang wus ngegla kaèksi //

--- 646 ---

Raos Jawi

Wayang kalayan Islam.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 39.

Mila pilih tiyangipun ingkang sagêd andungkap dhatêng lêlungidaning Kaislaman ingkang ginêbêng ing wadhah kabudayan awujud têtingalan ringgit wau.

Saking andharan punika, para maos tamtu lajêng tuwuh pitakenanipun: lêpatipun sintên dene wontên piwulang têka botên ngêblak, têmahan malah adamêl tuntunaning gugon tuhon (wontênipun tatacara ngruwat sajèn-sajèn saha kêkutug ing tanggapan ringgit).

Pitakenan punika pancèn maton, dene wangsulanipun sampun kula dhapuk ing andharan bab bêbukanipun wontên karamean sêkatèn. Minôngka culikan: panggubahipun têtingalan ringgit purwa iyasan Dêmak punika, tumraping para wali pancèn mêngku pamrih kangge paring sêsuluh dhatêng para umat Islam ingkang sampun ngambah tarekating agami, dadosa têpa palupining pangudi dhatêng khakekat saha makriphat. Dados manawi mila dèrèng ngambah tarekat = tarèk ingkang têgêsipun dêdalan kang bênêr, inggih botên nama anèh, yèn botêna andungkap dhatêng lêlungidan wau. Kosokwangsulipun para ingkang sampun ngambah tarekat lajêngipun ambudi dhatêng khakekat saha makriphat pamawasipun dhatêng sadaya kawontênan ingkang ngêplêki kalihan gêgayuhanipun piyambak punika, sanadyan sinamuna ing wujud punapa kemawon tamtu botên badhe pangling.

Andhe-andhe Lumut akalayan Klêtingkuning ingkang sajatosipun Panji Inukêrtapati akalayan Dèwi Angrèni, sanadyan sakalihipun sami silih warni awujud tiyang edan, sarèhning pancèn garwanipun inggih mêksa botên pangling.

[Grafik]

Sang Panji Inakartapati.Inukartapati.

Dados wontênipun lêlungidan ing têtingalan ringgit purwa wau, têtêp saking jêmbaripun piwulang Islam. Tumrap gumêlaring piwulang ing alam donya, satundha-tundhaning panggayuh gaduking manungsa, sampun sarwa anyêkapi. Saking sarengat, tarekat, khakekat, makriphat, sadaya sampun sarwa cumawis. Tumrap ingkang dèrèng nate gêpokan dhatêng agami Islam sawêg purun ngucapakên kalimah

--- 647 ---

sahadat sinarêngan anglampahi saperanganing sunat rukuning sarengat kemawon, tumraping ngakathah inggih sampun sami nganggêp Islam.

Tumrap ingkang trimah nêtêpi sarengat sagah anglampahi rukuning Islam gangsal prakawis saha pitados dhatêng rukuning iman nêm prakawis inggih sampun nama Islam.

[Grafik]

Dewa Ruci

Tumrap ingkang sampun ngambah tarekat (pikantuk pitêdah ingkang lêrês) sanadyan margi wau botên tinurut dipun lampahi, inggih sampun kenging ngakên tiyang Islam.

Dene ingkang badhe makriphat (wêruh) dhatêng khakekating Kaislaman sasampunipun pikantuk pitêdah margi ingkang lêrês (tarèk) pitêdah wau lajêng tinurut (dipun lampahi) kanthi kandêl-kumandêling tekad (iman) yèn têmên-têmên kalayan panguwaosipun Allahu Taala, tamtu dumugi makriphat, têtêp nama Islam.

[Grafik]

Sang Bima, lampahan Dewaruci.

Dhapukan lampahan ringgit purwa wontên pintên-pintên wau, ing panaliti, ingkang pinanggih ngêplêki dados pralampitaning pangudi dhatêng makriphating Kaislaman dumunung wontên ing lêlampahanipun Sang Arya Sena, inggih Arya Wrêkudara, inggih Arya Bima, ing lampahan Dewaruci, Bimapêksa, saha Kalimataya. Kenging kagrêjah suraosipun bêbasan: satètès ora najini.

Siswa Harsaya, Mataram, Ngayogya.

--- 648 ---

Rujak Wuni

Jaman Enggal.

Miturut kawontênan ing tanahipun piyambak ngriki, para wanita katingal saya dangu saya majêng, ngantos sampun wontên ingkang sami anggadhahi titêl: Mistêr, Dhoktêr lan sasaminipun. Ewasamantên kamajênganing kaum wanita ing ngriki, manawi dipun pandhing kalihan lêpasing kamajênganipun kaum wanita ing sanès praja, sajatosipun dèrèng sapintêna. Pramila wêdaling pamanggihipun samôngsa-môngsa wontên ing parêpatan para gêgêdhuging pakêmpalan-pakêmpalan wanita ing ngriki, kalihan tanah-tanah ingkang sampun sami majêng sayêktos wau, inggih kathah bedanipun. Ing ngriki wontên ing pakêmpalan wanita, ingkang tansah dados thuthukan salaminipun kaum priya. Upaminipun kemawon bab lampahing wayuh, tindak ambêg siya, kaanggêp dèrèng angrêgèni dhatêng kaum èstri, sapanunggilanipun ingkang amung kaum priya kemawon ingkang dipun awon-awon. Ing sêmu sakathahing kalêpatan utawi awon wau, thukipun namung wontên ing kaum jalêr. Kaum èstri kadosdene botên nate lêpat.

Upaminipun kemawon wontên tiyang jalêr awis-awis wontên ing griya, anggènipun nguring-uring inggih êntèk êntung saèstu. Babarpisan botên wontên gagasanipun bilih anggènipun tiyang jalêr tansah andhêndhêng makatên wau, sagêd ugi jalaran saking kirang pangrêksaning èstri, kados ta: griyanipun kêmproh, olah-olahanipun manawi botên kirang sarêm inggih kasinên, cêkakipun botên sagêd nuju dhatêng pakarêmanipun tiyang jalêr. Ing wusana tiyang jalêr lajêng aras-arasên wontên ing griya, dipun tampinipun dening kaum èstri kadosdene tiyang jalêr ingkang gadhah tindak siya, makatên limrahipun pamanggih-pamanggih ingkang kêrêp kawêdal ing parêpatanipun kaum putri ing tanah ngriki.

Rèhning ingkang makatên punika têtela panimbang ingkang botsih, mila ing ngriki prêlu ngaturi wawasan kangge anjangkêpakên panimbang utawi pamanggihipun kaum putri ing ngriki supados sampun botsih, utawi sagêda jangkêp.

Salah satunggiling panganjuripun kaum putri ing Sidni (Ostrali), nama Nyonyah Emili Bènèt ingkang sampun misuwur namanipun, sampun angaturakên panuwunan dhatêng pamarentah ing wêwêngkon ngriku, supados dipun wontênakên wèt enggal kangge angayomi tumraping tiyang bale griya. Dene wèt enggal wau anyukani pêpacuh utawi pangancam dhatêng para kaum èstri ingkang dados jalaran kaum priya botên sami sêtya dhatêng batihipun.

Nyonyah wau anêrangakên, bilih propinsi Wilês ingkang sisih kidul sabên taunipun wontên tiyang jalêr ngantos sadasa èwu ingkang nilar bojonipun sabab kenging panggodhaning pawèstri liyan. Para kaum pawèstri wau namung anglêpatakên dhatêng para kaum priya, ing môngka sajatosipun dhoking kalêpatan wau inggih wontên para kaum wanita ingkang sami tindak agoragodha dhatêng tiyang jalêr, inggih punika para kênya, lanjar, rôndha, makatên ugi pawèstri ingkang sampun sami anggadhahi bojo. Nyonyah wau, supados dipun kabulakên panuwunipun supados ing samangke dipun wontênakên pranatan angukum dhatêng para pawèstri ingkang sami tindak anggodha dhatêng katêntrêmaning tiyang jêjodhoan wau.

Manawi angèngêti bilih wontên kaum priya ingkang nilar semahipun kenging dipun prakawisakên punapa-punapaa para pawèstri ingkang sami dados jalaranipun, têka botên dipun prakawisakên babarpisan.

Usulipun Nyonyah Bènèt kados ing nginggil punika, manawi saking pamanggih kula piyambak pantês sangêt dipun alêmbana, saha dipun ajènana langkung saking kat dening para kaum wanita. Awit sintêna kemawon ingkang ngakêni cêkak pikiranipun têmtu lajêng sagêd nyandhak dhatêng kêkajêngan ingkang langkung utami punika, manawi dipun manah panjang, usul wau têmên-têmên dados pangrêksaning kawilujênganipun jagad agêng lan jagad alit. Dados botên ngêmungakên badhe mikantuki dhatêng salah satunggaling golongan nanging angengingi dhatêng sadayanipun.

Tiyang jalêr ingkang kalampahan nilar dhatêng semahipun miturut wèting jagad nadyan ing tata lair ngriku kenging kawastanan sampun sami kajêngipun, ewadene manawi botên wontên dhadhakan ingkang langkung kiyat saking dayaning pawèstri, ingkang kathah-kathah pun jalêr mêksa botên gampil kadadosan utawi kalampahanipun. Punapa malih tumrap dhatêng para ingkang sampun sami angsal pangajaran cêkap, ingkang sampun sami angsal pangrêtos tumrap awon saening lêlampahan ingkang makatên punika.

Mênggah sajatosipun, tiyang jalêr punika ingkang kathah-kathah anggadhahi watak ajrih, sabar lan angajèni dhatêng kaum wanita. Wontênipun lêlampahan ingkang anèh-anehan wau, limrahipun manawi tiyang jalêr botên dipun sukani margi, dipun balang ing èsêm lan ulat liring, ingkang ngantos ngengingi tumanjêm dhatêng manahing jalêr, têmtu botên wontên lêlampahan ingkang nganèh-anèhi wau, ingkang tundonipun ngantos adamêl karisakaning tiyang jêjodhoan.

Ing ngajêng sampun kula aturakên kathah-kathahipun, dados têmtunipun inggih wontên tiyang jalêr ingkang ambajul buntung, ingkang niyatipun badhe ngrisak kasusilaning èstri sarta ngrisak pagêr ayu. Tiyang jalêr ingkang makatên wau, têrang dados gêlah-gêlahing jagad, amila sampun ngantos wontên tiyang ingkang nyêlaki, prêlu dipun sebratakên sampun ngantos sagêd lumêbêt ing pasrawungan umum.

Tumraping para wanita ing ngriki namung atur pêpèngêt murih sami wilujêngipun sanadyan ing ngriki dèrèng wontên salah satunggal bêbadan utawi pakêmpalanipun para kaum wanita ingkang anggadhahi usul kados Nyonyah Bènêt kasêbut nginggil, para kaum wanita ing ngriki, mugi tansah mulat lan langkung prayitna tumrap pangrêksanipun dhatêng salira pribadi, sampun ngantos gampil kalêbêtan ing gêlar, ingkang wusananipun namung badhe angasorakên darajatipun kaum wanita.

Pênthul.

--- [649] ---

[Iklan]

--- 650 ---

Timbuling Wanita

Pinanggihipun ing jaman sapunika, ajênging kamajênganipun para wanita katingal saya ngangsêg botên kantun kalihan kamajêngan sanès-sanèsipun. Malah dangu-dangu tumraping para wanita lajêng sami gadhah rikuh saupami botên ngambah kamajêngan.

Ing Kêndhal wontên pakêmpalan wanita nama Timbuling Wanita. Adêging pakêmpalan wau kala ing wulan Agustus 1932, dados sapriki sampun mèh tigang taun pinanggih wilujêng botên kirang satunggal punapa.

[Grafik]

Para pangrèh saha para warganipun Timbuling Wanita ing Kêndhal.

Mênggah ancasing pakêmpalan Timbuling Wanita wau, ngudi dhatêng kamajênganipun para putri. Kados ta:

a). nyinau basa Walandi.

b). kasusastran Jawi.

c). padamêlan wanita nyulam, olah-olah sapanunggilanipun.

Babagan tigang prakawis wau kados sampun mungguh tuwin mathuk sangêt, awit mênggahing basa Walandi, pinanggihipun wontên ing jaman sapunika kêdah sagêd, kados para wanita sampun ngraosakên piyambak, mênggahing pigunanipun tiyang sagêd basa Walandi, sagêd anjêmbarakên pasrawungan. Makatên ugi bab kasusastran Jawi, punika tumraping para wanita Jawi, pancèn wajib sangêt kadunungan, awit manawi botên makatên tamtu badhe suda kasusilanipun kabangsan. Dene bab padamêlan wanita, punika nama srêg anglênggahi, wanita badhe botên supe dhatêng wajib.

Dèrèng dangu para warganing pakêmpalan Timbuling Wanita mêntas darmawisata dhatêng Surakarta malêbêt dhatêng karaton, ingkang wohipun sagêd manggih bêbathèn anjêmbarakên kawruh.

Ing pamuji mugi-mugi pakêmpalan Timbuling Wanita sagêda lêstantun saha subur, sampun kirang satunggal punapa.

S.

--- 651 ---

Kawruh Sawatawis

Bab Sêsakit Ayam

Ingkang badhe kula andharakên ing ngadhap punika, bab sêsakit ayam tuwin panulakipun sawatawis ingkang sampun kula alami, bokmanawi kenging kangge pêpak-pêpak isining Kajawèn.

Salêbêtipun kula manggèn wontên ing dhukuh Blimbing, Rêdikidul, kirang langkung 6 taun, sasumêrêp kula salêbêtipun 6 taun wau wontên sêsakit ayam sampun kaping 5. Mênggah dhatênging sêsakit ayam wau ingkang sampun-sampun, têmtu nyarêngi ing môngsa katiga, ing môngka kangge dhukuh ngriku punika awis toya, wontênipun toya namung toya tlaga tur têbih papanipun, dados manawi môngsa katiga kangge ayam-ayam, ing dhukuh ngriku ngrêkaos anggènipun pados pangombèn, sagêdipun angsal namung saking toya ingkang sampun kathah rêrêgêdipun, punika kemawon toya ilèn-ilèn, saking kulah dalêmipun bôngsa priyantun. Awit manawi kangge têtiyang dhusun ngriku anggènipun sami adus, anggirahi, mususi tuwin sapanunggilanipun têmtu inggih dhatêng tlaga.

Mênggah sêsakit ayam wau ingkang sampun kula sumêrêpi warni kalih, inggih punika:

1. Ayam ingkang sakit lajêng ngantuk tuwin cènggèripun katingal biru, watawis kalih dintên lajêng pêjah. Kula nyatakakên ayam ingkang sakit kados makatên wau manahipun sami ajur ngêmu êrah, tuwin ulamipun sampun botên eca katêdha.

2. Ayam ragi ngantuk tuwin mungêl cêkak-cêkik, watawis kawan dintên lajêng pêjah, ananging ingkang sakit makatên wau manawi dipun sêngkêri tuwin kaupakara, ugi wontên ingkang sagêd saras.

Wêkdal samantên kula gadhah ayam kirang langkung 40 iji, ing dhukuh ngriku ugi nglêrêsi wontên ama ayam, nanging ayam kula dèrèng katrajang. Ing môngsa makatên wau kula sawêg pinudhupinuju. kesahan, kawuningana sarêng kula wangsul, ayam kula sampun sami pêjah, namung kantun kalih ingkang taksih gêsang, ananging sampun sami sakit, lajêng kula sêngkêri, tuwin kula jampèni: lombok jêmprit kaulêg dipun sukani sarêm tuwin kecap lajêng kaombèkakên ayam ingkang sakit wau, ayam wau lajêng mangsur wasana sagêd saras.

[Grafik]

Ingah-ingahan ayam ing Pilipinah.

Nalika wontên sêsakit ayam ingkang kaping kalih, ayam kula wontên ingkang sakit kalih, kula jampèni kados ing nginggil saha kula sêngkêri, sarêng sampun ragi saras kula sukakakên tiyang kula

--- 652 ---

purih mragad, kula nyatakakên manahipun taksih wêtah.

Lan wontên ama ayam malih ingkang kaping tiga, sadèrèngipun ayam kula sakit, kula sadhiyani wadhah isi toya, tuwin kula sukani sarêm, ngantos toya ing wadhah wau kraos asin, prêlunipun minôngka kangge pangombèn ayam-ayam wau. Ayam-ayam wau ugi lajêng sami ngombe toya wau tuwin ugêr têlas lajêng kula sukani malih. Ing môngka tôngga têpalih kula ngriku ayamipun sampun sami sakit saha pêjah, rahayu ayam-ayam kula kok sami wilujêng.

Salajêngipun ugêr môngsa katiga tuwin ugi wontên sêsakit ayam, kula têmtu sadhiya wadhah, kula sukani sarêm kados kasêbut ing nginggil, minôngka kangge pangombèn ayam-ayam wau, tuwin dumugi samangke badhea wontên sêsakit ayam, ayam kula inggih sami wilujêng botên kirang satunggal punapa.

Wusana kula sumanggakakên dhatêng ingkang para kêsdu maos.

Sa. K.No.406

Urutipun ingkang Jumênêng Pêpatih Karaton Dalêm ing Surakarta

Sêrat kalawarti Kajawèn ngriki sampun nate ngêwrat sêjarah dalêm ingkang sami jumênêng nata ing tanah Jawi, wiwit karaton Mataram dumugi karaton Surakarta sapriki. Ananging botên angêwrat ugi urut-uruting asmanipun ingkang jumênêng pêpatih ing karaton dalêm. Sarèhning pamanah kula inggih prêlu ugi, minôngka kadamêl pèngêtan umum tumrap bôngsa kula pribumi, amila ing mangke kados wontên prayoginipun bilih asmanipun para pêpatih karaton dalêm Surakarta, gandhèng kalihan sajarahipun panjênêngan nata wau, kula pisungsungakên ing taman Kajawèn ngriki, ananging namung mligi tumrap karaton Surakarta kemawon, awit para pêpatih dalêm ing jaman karaton Kartasura sapriki, sampun sami kasêbut ing sêrat-sêrat cariyos kina, Babad Tanah Jawi sapiturutipun kados ta Patih Gajahmada, Patih Sindurêja, Patih Kusumabrata tuwin sanès-sanèsipun. Wondene uruting asmanipun pêpatih dalêm ing karaton Surakarta sakawit dumugi sapriki, kalihan cêkakan mêndhêt saprêlunipun kados ing ngandhap punika.

Nagari Surakarta, ing taun Walandi.

I. Ing taun 1742-1755, ingkang jumênêng pêpatih karaton dalêm K.R.A. Pringgalaya.

II Ing taun 1755-1769, ingkang jumênêng pêpatih karaton dalêm K.R.A. Mangkupraja I.

III. Ing taun 1769-1782, ingkang jumênêng pêpatih karaton dalêm K.R.A. Sasradiningrat I.

IV. Ing taun 1782-1784, ingkang jumênêng pêpatih karaton dalêm K.R.A. Sindurêja.

--- 653 ---

V. Ing taun 1784-1796, ingkang jumênêng pêpatih karaton dalêm K.R.A. Jayadiningrat.

VI. Ing taun 1796-1804, ingkang jumênêng pêpatih karaton dalêm K.R.A. Mangkupraja II.

VII. Ing taun 1804-1810, ingkang jumênêng pêpatih karaton dalêm K.R.A. Danuningrat.

[Grafik]

Kangjêng Pangeran Arya Adipati Jayanagara.

VIII. Ing taun 1810-1812, ingkang jumênêng pêpatih karaton dalêm K.R.A. Cakranagara.

IX. Ing taun 1812-1846, ingkang jumênêng pêpatih karaton dalêm K.R.A. Sasradiningrat II.

X. Ing taun 1846-1866, ingkang jumênêng pêpatih karaton dalêm K.R.A. Sasradiningrat III.

XI. Ing taun 1866-1887, ingkang jumênêng pêpatih karaton dalêm K.R.A. Sasranagara.

XII. Ing taun 1887-1889, ingkang jumênêng pêpatih karaton dalêm K.R.A. Mangunkusuma.

XIII. Ing taun 1889-1916, ingkang jumênêng pêpatih karaton dalêm K.R.A. Sasradiningrat IV.

Ingkang jumênêng pêpatih dalêm sapunika Kangjêng Pangeran Arya Adipati Jayanagara. Miturut pawartos, ing sapunika badhe pènsiyun, dene ingkang badhe sumilih dèrèng kacêtha.

Miturut kabar Walandi putranipun pêpatih dalêm wau, Kangjêng Radèn Tumênggung Côndranagara, inggih mantu dalêm sampeyan dalêm ingkang wicaksana, ingkang nglajêngakên sinau wontên pamulangan luhur ing nagari Walandi, sampun lulus angsal sêsêbutan Mr. ing babagan pangadilan saha lajêng adamêl proefschrift ngudi sêsêbutan Dr. ing babagan Indologie, nanging lajêng wontên pawartos Mr. Kangjêng Radèn Tumênggung Côndranagara wau tampi dhawuh timbalan dalêm supados wangsul, dene bab proefschrift wau badhe kadamêl saking ngriki.

Mirid nalar-nalaripun, mèmpêr saupami gêgayutan kalihan bab badhe lèrèhipun ingkang rama.

P. K. 585.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 2725, ing Tingkir. Panjênêngan mundhut priksa prakawis punapa. Manawi bab cangkriman, botên badhe pikantuk wangsulan.

Lêngganan nomêr 3846, ing Tulungagung. Sadaya sampun katampi.

Pawartos saking Rêdhaksi

Lêngganan nomêr 1437. Bab guru dhusun, gupêrmèn sampun botên tumut cawe-cawe. Samukawisipun guru dhusun, dados wêwênangipun (bupati) ingkang angangkat. Pangkatipun badhe dipun samèkakên punapa, utawi badhe kabayar pintên, punika sadaya dados wêwênangipun (bupati) ingkang angangkat. Wondene badhe nêdha padamêlan sanès, sampun tamtu kenging. Namung dipun turuti utawi botênipun, punika sampun tamtu kemawon gumantung dhatêng ingkang dipun têdhani.

--- 654 ---

Cara ingkang Nganèh-anèhi

Manawi angèngêti lêlampahan ing donya punika, bilih lêlampahan wau nyimpang ing kalimrahan (botên kaprah) adhakan tiyang mastani: anèh. Dene anèhipun wau tumraping têtiyang kathah sok kapengin badhe sumêrêp dhatêng aluranipun, inggih punika kadospundi mulabukanipun mênggahing suwaunipun. Kados ta: gambar ingkang kacêtha ing nginggil punika, kawartosakên makatên: Wontên satunggaling tiyang ahli politik ing Bukarès, tanah Eropah, nalika taksih gêsangipun adamêl sêrat wasiyat, ingkang suraosing sêrat wau, bilih piyambakipun pêjah, pambêktaning mayit dhatêng kubur supados kadèkèkna ing grobag ingkang kagèrèt ing maesa nêm cacahipun. Ing wusana sapêjahipun tuwan wau dening para warisipun dipun lêksanani. Malah wêkdal pambêktanipun mayit wau dipun urmati dening para agêng ing ngriku kathah sangêt. Dene ingkang kawastanan anèh wau, pambêktaning mayit wau têka sarana grobag lêmbu, botên ngangge kapal utawi oto kadosdene salimrahing sapunika.

[Grafik]

Ananging sanajan pambêktaning mayit wau katingal kirang mungguh, tumraping têtiyang kathah ingkang sami angurmati wau têmtunipun namung angèngêti dhatêng lêlabêtanipun tuwan wau ing nalika gêsangipun.

Dados têtela bilih kawontênan ing donya punika pundi ingkang pinanggihipun sarwa anèh, punika lajêng dados ucap, inggih kados patrap pambêktanipun mayit ingkang kados makatên punika, tamtu tansah dados pangèngêt-èngêt.

--- 655 ---

Rêmbagipun Sêmar, Garèng, lan Petruk

Bab Jêjodhoan

II.

Garèng: Ma, kaya-kaya wis cukup anggonku ngombe lan ngêmut sêsuguhan paringanmu, saiki tak aturi ngandikakake mungguh katêrangane dene rama bisa mastani, yèn jêjodhoan cara jaman biyèn kuwi bêcik. Awit mungguhing aku wis ora kalêbu nalar babarpisan, ing atase bocahe lanang lan bocahe wadon sadurunge durung tau têpung, malah durung tau sumurup, ana kok barêng dijodhokake: gapyuk banjur bisa cocog bisa atut runtut. Wah, hla kok kaya pitik bae, ma. Hla nèk pitik, sanajan mau-maune durung tau wêruh, jago iku yèn dicêdhakake karo babon, sanalika iya banjur: kukuluruk bêg bêg bêg. Balik manusa, wèh, kok angèl anggonku anggagas.

Sêmar: Kanggone wong nonoman ing jaman saiki iya pancèn ora kalêbu nalar. Awit kaanane saiki lan biyèn wis beda bangêt. Jaka kêtêmu prawan saikine wis bisa: ndaag, ndaag, ga je mee (ayo mèlu aku). Hla nèk ing jaman biyèn, kok jaka kêtêmu prawan wani muni: ayo mèlu aku, wah, iya sida mèmblèh-mèmblèh ... wêtênge têmênan. Karo manèh kala jaman samono, kêna diunèkake mokal bisane jaka kêtêmu karo prawan kuwi. Awit lumrahe, ing kala samono prawan kuwi tansah ana ing kothak bae, mêtune mung yèn ana prêlu bangêt kae. Mulane ing kala jaman samono, yèn ana kabar upamane, bêndara kangjêng utawa bêndara wêdana arêp ngrawuhi ing karamean karo garwa putra, wèh, cêkake iya wis gègèr. Wusanane, wong iya ora tau mêtu, ora tau katon, barêng mêtu agêm-agêmane pating glêbyar, pating pêncorong, garundêlaning uwong iya: wa-dhuh, bêndara ajêng bêndara ajêng kae, cahyane le manthêr, le ayu, kira-kirane widadari ing swarga, iya kaya ngono kuwi endahing warnane. Seje karo saiki, rêrasaning uwong iya mung mangkene upamane: iya sing pintêr bangêt dhangsah kae mau, sing prawan kabupatèn. Anggone sajak ngajèni, sajak gumun, iya wis ilang, wong sabên dina wêruh, sabên dina ketok.

Petruk: Ora, ma, tak rungok-rungokake, rama kok sajak gêla mêngkono, dupèh ing saikine prawan sanadyan putraning luhur pisan ora pati digumuni lan diajèni ing uwong kaya ing jaman biyèn sabab jalaran anggone kêrêp mêtu, kêrêp katon. Wah, ma, hla nèk saikine prawan kok arêp disimpên bae kaya biyèn, rak sida kalakon nganti nini-nini ... katisên têmênan, tumrape saiki sêlagine dithongal-thongolake bae, iya [iy...]

--- 656 ---

[...a] mêksa ...

Sêmar: Wis, wis, wis, ana kok banjur arêp ambablas, bablas mêngkono. Anggonku carita mangkono mau, mung arêp anggambarake bedane jaman saiki karo jaman biyèn. Tumrape jaman saiki, iya sabab kagawa saka dayaning kawruh kulonan, banjur prasasat kêna diunèkake: brambang karo jae lanang wadon padha bae. Seje karo ing jaman biyèn jaka lan prawan kuwi wis ora tau têmu-tinêmu, ing kala samono, bocah lanang kuwi bisane kumpul karo bocah wadon sing isih kênya, bêgja-bêgjane mung karo sêdulur-sêdulure dhewe, gothak-gathuke karo wong wadon liyane, iya mung karo wong wadon sing wis tuwa, sing wis ora duwe ewuh-pakewuh manèh. Luwih-luwih tumrape bocah wadon saka anggone ora tau mêtu-mêtu, mung dikothak bae, iya wis prasasat ora tau wêruh wong lanang liyane, kajaba bapakne dhewe. Hla, saiki sabab-sababe anggonku bisa ngarani: jêjodhoan cara jaman biyèn kuwi apik nanging iya nèk diêcakake ing jaman biyèn. Kaya sing wis tak kandhakake mau, jaka ing jaman samono kuwi, gothak-gathuke karo wong wadon iya mung wong wadon sing wis jêmpo-jêmpo bae. Bocah prawan wêruhe nyang wong lanang, iya mung nyang bapakne dhewe, sing têmtune iya wis rada kêmpong perot. Saiki bocah lanang lan bocah wadon sing kulina sabên dina mung kêtêmu wong sing tuwa-tuwa bae, ujug-ujug digathukake: gapyuk mara, apa sanalika iku bocah lanang mau ora duwe pikiran: wa-thuh, ayune bakal bojoku. Mêngkono uga bocahe wadon sing mung kulina wêruh bapakne sing wis pating klinthing pipine lan bathuke, kok banjur digathukake karo bocah lanang brêgas tur macak, sanalika mono rak iya banjur tuwuh pikirane: Tobat-tobat bakal bojoku brêgase kathik kaya Rôngga Minakkoncar. Mara, sakala kono wis anduwèni: srêg, ati dhêmên. Nèk wis kalakon jêjodhoan têmênan siji lan sijine saya padha ngrêti wêwatêkane, tur iya wêwatêkane sing tanpa pulasan, sabab wong iya wis kêcandhak dadi têmbung: cik bèn bisa kalakon kuwi ora ana. Nanging wong iya mung jênêng uwong, têmtune iya kêgadhuhan ati bosên, dadi atine dhêmên mau iya banjur bosên aliyas wis nihil (ora ana) ananging ing sarèhning kala samono wis banjur ngrêti têmênan mênyang wêwatêkane bojone, ilanging dhêmên mau banjur diganti: wêlas asih.

--- 657 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès

TANAH NGRIKI

Têbaning pabeyan saya jêmbar. Jalaran saking wontêning lampah anggêgana dhatêng sajawining praja, ing sapunika papan anggêgana ing Cililitan, Bêtawi, dipun wontêni ambtenaar pabeyan. Dhatêngipun ambtenaar wau ing papan ngriku namung manawi nuju wontên motor mabur dhatêng utawi bidhal. Dene wanci sanèsipun punika manggèn ing Tanjungpriok.

[Grafik]

Kasangsaran sêpur. Dèrèng dangu punika sêpur grobag pirantos ngêwrat barang-barang, nalika mlampah kintên-kintên jam 8.50 saking Bogor dhatêng Bêtawi, wontên sacêlakipun pabrik band Good Year ing Kebon Pedes lajêng kajêmpalik, wontên grobag 17 ingkang sami mêdal saking ril, kados gambar nginggil punika. Wontên tukang rem satunggail ingkang nêmahi tiwas.

Ambachtsleergang ing Ngayogya badhe ngêdali dhatêng Pasar Gambir, Bêtawi. Awit saking kaparêngipun Departement Pangajaran, benjing Pasar Gambir, Ambachtsleergang ing Ngayogya badhe ngêdali. Ingkang punika, Ambachtsleergang wau badhe mitongtonakên dêdamêlan bangsaning kajêng, autononteur, tuwin eletromonteur. Benjing wêkasaning wulan Juni, ambachtsleergang wau badhe ngawontênakên wulangan ingkang kapingtontonakên. Ingkang kapisan tumrap dhatêng para ingkang dipun aturi, kaping kalihipun tumrap umum.

Candu pêtêng. Pulisi ing Tanjungpriok mêntas nyêpêng bangsa Tionghoa mandhap saking kapal, asli saking Hongkong. Tiyang wau kanggenan candu pêtêng 50 kilo. Nalika badhe dipun cêpêng wau, candunipun badhe kabucal dhatêng sagantên, nanging kasêlak dipun cêpêng. Candu ingkang kacêpêng wau rêrêgèn f 19.000.-. Tiyangipun dipun tahan.

Pasar-Dêrma Kridho Martoyo. Benjing tanggal 29 Juni dumugi 14 Juli 1935 ing alun-alun Sêmarang wontên Pasar Dêrma Kridho Martoyo ingkang kaping 8, pêrlu kangge mitulungi golongan angguran, ingkang pinanggihipun saya dangu saya mindhak. Pasar-Dêrma wau mawi dipun wontêni têtingalan warni-warni, ugi ngawontênakên padhasaran barang-barang kawêkêlan tuwin sanès-sanèsipun.

Rijstbond Tionghoa nyuwun pangayoman. Rijstbond Tionghoa nyuwun ing Jawi Wetan macak sêrat paturan dhatêng directeur Economische Zakên supados panggaotan panggilingan pantun dipun watêsi, dados badhe botên wontên panggilingan enggal malih. Kajawi punika ugi angayomana dhatêng panggaotan wau. Kajênging panyuwunan wau, pêrlu anjagi sampun ngantos wontên karisakan tuwin kapitunan ing wingking.

Angsal-angsalanipun S.S. Angsal-angsalanipun S.S ing tanah Jawi ing wulan April 1935 wontên f 1.887.611.-, têtandhinganipun kalihan April taun kapêngkêr f 1.987.547.53. Wiwit Januari dumugi April taun punika wontên f 7.581.018.-, têtandhinganipun ing taun kêpêngkêr kados pêpetangan wau f 7.958.987.57.

Sudan blanja tumrap golongan enggal. Miturut pawartos saking nagari Walandi, wiwit benjing tanggal 1 Julli, tumrap ambtenaar ing tanah ngriki, ingkang têtêpipun sasampunipun tanggal wau, blanjanipun dipun suda 20%.

Pangarsa Raad Kawula. Miturut telegram saking Den Haag, Mr. W.H. van Helsdingen. Burgemeester Surabaya, katêtêpakên dados pangarsa Raad Kawula. Dados sawung-sawung ingkang dipun ajêngakên dening Raad Kawula botên wontên ingkang dados.

Perdelict Daulat Ra'yat. Pangadilan Landraad ing Betawi mêntas mriksa prakawisipun Tuwan Haryono Kusumo, kadakwa karanganipun ing Daulat Ra'yat 30 Augustus 1934 ingkang ciri "Perbedaan antara revolusi politik dan revolusi sosiaal" punika angèngingi Parentah. Dakwa dipun belani Mr. Moh. Yamin. Tiyang ingkang ningali kathah sangêt, pangarsa Landraad kapêksa tansah èngêt-èngêt supados sampun kacêlakên lawang, malah kapêksa nêdha bêbantu pulisi. Karampunganipun Tuwan Harsono kaukum 10 wulan kacêngklong tahanan. Dene hoofdredacteur ugi kapatrapan ukuman 10 wulan.

Bab mloroting pangkat juru sêrat. Hoofdbestuur Schrijversbond tampi telegram saking 1e Goevermenents-secretaris, martosakên bilih Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana manggalih botên pêrlu anggening golongan wau badhe sowan, amargi babagan panyuwunipun sampun dipun uningani, tuwin badhe kapanggalih. Ing sapunika golongan wau macak atur malih kawrat ing zegel, suraosipun gadhah panyuwun supados mênggak ing bab anggèning ingkang wajib angèndêli tiyang kathah tuwin mlorotakên pangkat juru sêrat klas satunggal dados klas kalih, ingkang rumiyin blanja f 60.- lajêng namung f 30.-. Benjing Juli pakêmpalan wau badhe damêl congrès.

Pamulangan dagang A.M.S. Wiwit benjing 1 Augustus ngajêng punika, badhe wontên cobèn-cobèn ing A.M.S. Bêtawi, dipun wêwahi handelsschool pangajaran 2 taun.

Jampi tilêm ambêbayani. Tuwan Von Szasz, bangsa Hongaar, tilas juru anggêgana, manggèn ing Bandung, nêmahi tiwas jalaran nêdha jampi tilêm. Tuwan wau anggènipun wontên tanah ngriki sawêg kawan wulan.

--- 658 ---

Kasangsaran motor mabur. Ing Surabaya mêntas wontên kasangsaran motor mabur, ingkang dipun wontênakên dening pakêmpalan motor mabur ing papan anggêgana ing Darmo. Satunggiling motor mabur sport nama Kolobri dipun lampahakên dening Chef-Instructeur ing papan anggêgana Moro Krêmbangan Tuwan Elckerbout kêsakitan. Jalaraning kasangsaran wau, nalika nuju nindakakên lampah mindha godhong ngaleyang, mêsinipun lajêng botên mlampah. Ing kala punika Nyonyah Elckerbout ugi ningali wontên ingriku. Pinanggihing papriksan, Tuwan Elckerbout namung nandhang sakit kemawon.

Pados panggêsangan sarana idêr dagangan. Wontên satunggiling neneman ing Ngayogya, ingkang cêkap kasagêdanipun, nanging jalaran botên sagêd nocogi kabêtahan, lajêng arekadaya sêsadean barang warni-warni, bangsaning pangangge, sinjang, gêlang kalung, buku-buku tuwin sanès-sanèsipun. Anggènipun idêr wau mawi numpak sêpeda. Ingkang sampun dipun lampahi dhatêng Purwodadi, Wirosari, Kudus tuwin Demak, marginipun mêdal Kaliosa, Sumbêrlawang, Gundhi, lampahipun sakalangkung rêkaos. Wangsul mêdal Gubug, Sêmarang, Ungaran, Salatiga, Bayasasi, Randhusar, Klatèn, wusana dumugi Ngayogya. Panyadenipun barang-barang wau botên katujokakên dhatêng têtiyang tani ing padhusunan. Salajêngipun badhe lumampah dhatêng sanès panggenan.

Kêwiyak wêwadosipun. Ingajêng wontên pawartos, kêpala kampung ing Pesing, pêjah jalaran dipun cidra ing tiyang. Salajêngipun pulisi sampun sagêd nyêpêng dakwa tiyang 2. Sarêng dakwa wau kapriksa sami ngakên bilih anggèning gadhah tindak makatên wau awit saking pakèning bojonipun kêpala kampung wau piyambak.

Kapanduan Anak Marhaen Indonesia. Kêpanduan Anak Marhaen Indonesia ringkêsaning nama Kami, dipun awisi botên kenging damêl parêpatan umum, utawi parêpatan tutupan, punapadene ngawontênakên pasinaon ulah raga ing sadèrèngipun angsal palilah saking pangagêng nagari. Mênggah jalaranipun, warga warganing pangrèh Kami wau sami tilas golongan Partindo, dados kaanggêp dados dhêdhasaring pakêmpalan kados makatên.

Kasangsaran ing sagantên. Sampun sawatawis dintên, nalika kapal Ophir, gadhahanipun K.P.M. labuh wontên ing palabuhan Muntok, wontên baita anyêlaki cakêt sangêt, wusana kasampluk ubênging kitiraning kêmudhi, baita rêmuk babar pisan. Ing baita ngrika wontên tiyang tiwas sadaya, namung 1 ingkang katulungan.

Kantor post tuwin telefoon. Ingkang sampun tumindak kantor post utawi telefoon pinika griyanipun piyambak-piyambak. Ing bab punika ing mangke dados panggalihan, awit kagolong dados satunggiling kaborosan, saha salajêngipun ngawontênakên papriksan, punapa kantor kêkalih wau botên sagêd kadadosakên satunggal. Mangka miturut petang, pinanggihipun ingriki wontên kantor post 100 tuwin hulppost 5000.

Arta ringgitan palsu. Satunggiling dintên wontên bangsa Tionghoa numpak sêpur saking Krawang dhatêng Bêtawi, kasumêrêpan manawi arta ringgitan ingkang kangge tumbas, arsa palsu, nanging kasumêrêpanipun sarêng sêpur sampun pangkat. Bab punika lajêng wontên telefoon saking Krawang dhatêng pulisi ing Bêtawi tuwin Mr. Cornelis, supados nyêpêng tiyang wau. Wusana bangsa Tionghoa wau sadumuginipun Mr. Cornelis dipun gledhah dening pulisi, pinanggih kanggenan arta ringgit palsu 6 iji, cariyosipun asli saking kêmasan. Salajêngipun bangsa Tionghoa wau dipun tahan.

Ama tikus. Ing Cicuruk, wontên pasabinan ingkang katrajang ama tikus, sisaning pantun ingkang katêdha tikus wau kintên-kintên namung kantun saprapat. Dene jalaranipun kakintên saking wontênipun sawêr sawa ingriku sami dipun pêndhêti, awit sawêr wau ingkang nêlas-nêlasakên tikus.

Pajagèn rèdi Kêlut. Awit saking rêrigênipun Residèn Kêdhiri wiwit sapunika damêl tatanan pajagèn samangsa wontên pêrlu tumrap bêbaya rêdi Kêlut, sêsarêngan kalihan golongan pangrèh praja. Ing sapunika sampun nyadhiyani papan kangge ngili, ugi nyadhiyani têdha, têtumpakan, pangangge, pangombèn punapadene jampi. Pakaryan telefoon, makatên ugi S.S. samangsa wontên tandha bêbaya ugi badhe nindakakên pitulungan anjagi tata têntrêm, wadya genie dipun têdhani pitulungan andandosi margi, motor mabur utawi sêpedha motor kanthi radio ugi mirantos. Pangrêksaning barang-barang gantosan laladan Kêdhiri tuwin Blitar kawontênakên tatananipun. Sampun ngantos pinanggih kados kala blêdhosan rêdi Kêlut ing taun 1909 tuwin 1919.

Asia.

[Grafik]

Campuhing para golongan pulisi kalihan golongan Muslimin. Dèrèng dangu punika wontên pawartos bilih ing Karachi nagari Hindu wontên golongan muslimin campuh kalihan pulisi, andadosakên pêpêjah tiyang 30, kacêtha gambar inginggil. MinggahMênggah. jalaranipun campuhipun wau golongan Muslimin botên narimahakên wontên salah satunggaling Muslimin kaukum jalaran prakawis pêpêjah.

--- 659 ---

Wêwaosan.

Wangsulipun Tarsan.

Piridan saking buku karanganipun Tuwan Edgar Rice Burroughs

15

Tarsan cariyos sêmu mrentah: Samangke sampeyan kêdah nyêrat. Yèn ing tembe wingking kula kapêksa kêdah nandangi têng sampeyan kêkalih malih, sing ngatos-atos, têmtune kula botên gadhah ngapura kados sing êmpun-êmpun.

Tanpa wicantên punapa-punapa, Rokop lajêng nyandhak pèn saha wiwit nyêrat.

Tarsan angèngêtakên: Ngatos-atos, ampun ngantos ontên sing kêsupèn, lan nama-namaning tiyang kêdah ampun sampeyan sêbutake sêdaya.

Botên watawis dangu kapirêngan wontên tiyang nothok kori, lan Tarsan enggal-enggal mangsuli: Môngga mlêbêt kemawon.

Salajêngipun nuntên wontên tiyang neneman lumêbêt ing kamar ngriku sarwi wicantên makatên: Kula saking sêrat kabar: Matin. Kula mirêng pawartos, bilih Tuwan Rokop kagungan pakabaran ingkang prêlu kalêbêtakên ing sêrat kabar.

Tarsan amangsuli: Kados panjênêngan kalintu tampi, awit Tuwan Rokop ing samangke botên gadhah pakabaran punapa-punapa. Rak inggih makatên ta, mitra.

Rokop andêngèngèk saking anggènipun nyêrat, rainipun katingal nyurêng, ngatingalakên, bilih piyambakipun ngêngkên nêpsu ingkang tanpa upami.

Salajêngipun Rokop amangsuli: Mila inggih makatên. Kanggenipun samangke kula botên gadhah pawartos punapa-punapa.

Tarsan: Lan salami-laminipun pancèn botên gadhah punapa-punapa ingkang prêlu kapacak ing sêrat kabar, rak inggih makatên ta, mitra. Jurnalis sêrat kabar wau botên sumêrêp, bilih salêbêtipun Tarsan cariyos makatên punika, Tarsan tansah mandêng dhatêng Rokop kanthi mêncêrêng sajak ngancam.

Sanalika punika Rokop inggih lajêng wicantên, lêrês. Salami-laminipun kula botên gadhah punapa-punapa ingkang prêlu kalêbêtakên ing sêrat kabar.

Salajêngipun Tarsan nuntên wicantên dhatêng jurnalis wau makatên: Sampun pisan andadosakên panggalih panjênêngan, dene panjênêngan sampun mrêlokakên rawuh mriki tanpa damêl.

Ing sêmu sajak gêla, jurnalis wau enggal-enggal lajêng pamitan saha kesah saking ngriku.

Sarêng sampun sawatawis jam dangunipun, anggèning nyêrat Rokop wau rampung, sêrat lajêng kapêndhêt dening Tarsan, ingkang tumuntên lajêng pamit mantuk. Nanging sadèrèngipun nilar kamar wau, dumuginipun kori Tarsan nolèh mandêng Rokop sarwi wicantên makatên: Manawi kula dados sampeyan, kados langkung utami, saupami sampeyan lajêng enggal-enggal oncat saking nagari Prancis ngriki, awit ing têmbe botên sande, kula têmtu badhe sagêd manggih sabab, ingkang anjalari kula kapêksa kêdah mêjahi sampeyan, tanpa ambêkta-bêkta namaning sadhèrèk èstri sampeyan.

VI.

Nalika Tarsan dumugi ing pondhokan, inggih punika ing griyanipun Litnan Dharno, Litnan Dharno sampun tilêm, lan ing kala punika Tarsan botên purun anggugah sarta ugi lajêng mapan tilêm, nanging enjingipun Tarsan lajêng nyariyosakên dhatêng Litnan Dharno sadaya lêlampahanipun ing kala dalu ingkang kapêngkêr, kanthi botên wontên satunggal punapa ingkang kalangkungan.

Pungkasanipun Tarsan cariyos makatên: Aku ngrumasani kaliru lan salah bangêt tindakku. Ing môngka Grap Dhêkudhe lan ingkang garwa iku salawase bêcik bangêt nyang aku, kêna tak arani: mitra darmaku kang sêjati. Têka mangkene pamalêsku nyang kabêcikane mau. Malah kurang sêthithik bae, Grap Dhêkudhe tak patèni. Aku rumasa gawe ala asmane sang putri, kang sajatine suci mungguh ing panggalihane. Saupama aku saiki kadakwa angrusak pagêr ayu, kaya-kaya iya ana èmpêre.

Litnan Dharno: Tarsan, mara, tutura nyang aku kang sabênêr-bênêre, mungguh sanyatane kowe kuwi apa pancèn anduwèni trêsna marang sang putri.

Tarsan: Saupama aku ora duwea kayakinan, yèn sang putri mau lugune ora duwe trêsna nyang aku, kiraku angèl anggonku arêp mangsuli pitakonmu iki mau. Nanging saikine aku bisa tutur nyang kowe kang sabanêr-bênêre,sabênêr-bênêre. yaiku: yèn aku ora duwe trêsna mênyang sang putri, mêngkono uga sang putri iya ora duwe trêsna marang aku. Kang tak karêpake trêsna iki, trêsna tumrape lanang nyang wadon. Dene ing kala samono nganti bisa kalakon sang putri lan aku padha rêrangkulan, iku ora marga tuwuh saka katrêsnan, nanging mung marga saka dêrênging daya dadakan. Aku yakin, yèn hawa kanêpson kakang. mangkono mau, iya bisa ilang dadakan, dadi ora beda karo tuwuhing daya kang uga dadakan mau, sanadyan ora nganti kadênangan dening Sang Grap pisan.

--- 660 ---

Kowe wêruh dhewe, Dharno, yèn aku iki ora kulina kêkumpulan karo bangsaning wanita. Ing môngka sang putri iku wanita kang endah ing warna, apa manèh kaanane ing kono nalika samono katon anêngsêmake bangêt, padhanging kamar arêmêng-rêmêng, kawuwuhan adu arêp karo putri kang endah ing warna mau, lan kang katon mêlasasih anjaluk pangayoman. Kiraku sanadyan wong kang uwis luhur bêbudène pisan, akèh ora bisane ngampah drênging pikire. Apa manèh wong kang kaya aku, kang isih tipis bangêt kamanungsane. Dharno, saiki mula iya nyata têmênan, yèn kutha Paris iki pancèn ora bêcik bangêt kanggone aku. Ora wurung êmbèn-êmbèn aku iya bakal nêmoni lêlakon kang ambêbayani kaya mangkene manèh. Pranatan-pranatan sing dianakake ing manusa kuwi, bakune mono nyêdhihi bangêt. Ana ing kene aku rumasa kayadene pasakitan bae, kang iku aku ora kuwat, Dharno. Jalaran saka iku, kiraku luwih bêcik, yèn aku bali manèh bae mênyang alasku ing tanah Aprikah, lan sabanjure urip kayadene kang kinarsakake dening Ingkang Kuwasa nalikane anakdirake aku ana ing kana.

Litnan Dharno: Bab sing wis kalakon iki aja korasakake bangêt-bangêt, Tarsan. Mungguh sanyatane, sanadyan tindakmu iki ora kêna diunèkake bêcik, ewasamono iya mêksa ora bangêt-bangêt alane, wong kang koarani wis luhur bêbudène mau, kiraku bisa anduwèni tindak kang luwih asor katimbang kang wus kolakoni mau, dene ing bab anggonmu arêp anglungani Paris, kiraku, ora suwe manèh Grap Dhêkudhe mêsthi bakal duwe rêmbug kang wigati nyang kowe.

Wicantênipun Litnan Dharno ingkang makatên wau, mila inggih lêrês. Lêt watawis saminggu nalika Tarsan kalihan Dharno sawêg sarapan, wontên tamu dhatêng, inggih punika Tuwan Plobêrêt. Tamu punika satunggiling tiyang ingkang andhap asor sangêt, lumêbêtipun ing ngriku kanthi mêndhêg-mêndhêg, dene dhatêngipun maratamu wontên ing griyanipun Litnan Dharno, prêlu anampèkakên sêrat pênantang saking Grap Dhêkudhe dhatêng Tarsan. Salajêngipun Tuwan Plobêrêt lajêng suka sumêrêp dhatêng Tarsan, supados Tarsan tumuntêna anuding tiyang ingkang minôngka dados wêwakilipun, murih sagêdipun enggal-enggal rêrêmbagan kalihan Tuwan Plobêrêt wau ing bab pranatan-pranatan ingkang prêlu tumrap cara-caraning tiyang badhe têtandhingan wau.

Tanpa kamanah panjang malih, Tarsan lajêng nuding Litnan Dharno minôngka dados wakilipun. Sasampunipun makatên, ing ngriku Litnan Dharno kalihan Tuwan Plobêrêt sampun sami sarêmbag, ing mangke jam kalih Litnan Dharno nêdya badhe dhatêng ing griyanipun Tuwan Plobêrêt prêlu nalêsihakên rêmbagipun wau, salajêngipun Tuwan Plobêrêt, kanthi mêndhêg-mêndhêg lajêng pamitan.

Sarêng Litnan Dharno kalihan Tarsan sampun piyambakan malih, Litnan Dharno lajêng mawas dhatêng Tarsan sakêdhap sarwi pitakèn: Kapriye saiki mungguhing panêmumu.

Tarsan: Sêmune dosaku mau kudu prêlu tak wuwuhi rajapati, yèn ora mangkono, iya supaya aku dipatènana. Sêmune wis maju bangêt anggonku nyinau carane wong-wong kang wus kalêbu bôngsa kang diarani luhur darajate.

Litnan Dharno apitakèn: Anggonmu bakal têtandhingan karo Grap Dhêkudhe kuwi, niyatmu kowe arêp milih gêgaman apa. Kowe kudu ngèlingana, yèn Grap Dhêkudhe iki kêsuwur pintêr anggone ulah pêdhang, sarta titis bangêt pambêdhile. Saindênging nagara Prancis, ora ana sing ngungkuli.

Kanthi gumujêng Tarsan amangsuli: Yèn mêngkono bêcike anggone têtandhingan iki nganggo tumbak utawa panah kang mawa wisa bae. Ora, Dharno, iki mung kanggo gêguyon, luwih bêcik padha têtandhingan sarana pistul bae.

Litnan Dharno: Nèk mêngkono mungguh kang dadi karêpmu, kowe mêsthine bakal bisa dipatèni.

Tarsan: Iki wis kêna tak pêsthèkake. Wong urip iku wis mêsthine kudu mati, nèk ora saiki, iya êmbèn-êmbèn, nanging matine wis mêsthi.

Litnan Dharno: Kaya-kaya luwih bêcik nganggo pêdhang suduk bae. Kiraku Sang Grap wis narima, yèn wis bisa natoni kowe. Wong têtandhingan sarana pêdhang suduk iku ora gampang bisane olèh tatu bangêt sing nganti bisa dadi tiwase.

Kanthi kêncêng manahipun, Tarsan amangsuli: Ora, kudu nganggo pistul.

Litnan Dharno ngarih-arih supados Tarsan purun nurut punapa ingkang dados panêdhanipun, inggih punika têtandhingan sarana pêdhang suduk, nanging Tarsan têrus anggêkêng nêdya têtandhingan sarana pistul.

Sontênipun kirang langkung jam sêkawan, Litnan Dharno sampun wangsul saking anggènipun pêpanggihan kalihan Tuwan Plobêrêt. Salajêngipun nuntên wicantên dhatêng Tarsan makatên: Kabèh-kabèh wis ditata. Sesuk-esuk kabênêr mlêthèking srêngenge, padha ngumpul ana ing papan kang sêpi ora adoh saka Etamês. Embuh apa sababe, nanging Tuwan Plobêrêt milih papan ing kono. Aku mung banjur nurut bae.

Dene Tarsan anggènipun mangsuli ngêmungakên: Bêcik, makatên kemawon, malah botên angrêmbag bab prakawis wau babarpisan. Sontênipun, sadèrèngipun mapan tilêm, Tarsan adamêl sêrat pintên-pintên. Sarêng sampun rampung saha sêrat-sêrat wau sampun katutup, lajêng kalêbêtakên ing amplop ingkang dipun alamati dhatêng Litnan Dharno. Nalika ucul-ucul panganggenipun, nêdya badhe mapan tilêm, ing ngriku Litnan Dharno mirêng Tarsan singsot-singsot nirokakên nyanyianing kumidhi ingkang mêntas dipun tongton dèrèng dangu punika. (Badhe kasambêtan).

--- 77 ---

Nomêr 20, taun V

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu.

Ngundha Layangan

mungguh dolanan layangan / ing jamane larang pangan / wis tan laras babar pisan / wit mung tansah kêdhedhelan //

yèn ing jaman dhèk biyène / dolanane bocah gêdhe / sing pancèn turah dhuwite / lan ngundhane mung yèn sore //

milih wêktu kang prayoga / supaya penak nyang mata / cêkake sarwa sêmbada / tur nganggo digrubyug bala //

siji gawa kal-ikalan / sijine sèrêp layangan / lan manèh sèrêp gêlasan / liyane jaga jarahan //

yèn mênang gone sangkutan / balane surak barêngan / rumasa mênang pêrangan / candhêtan kanggo rayahan //

layangan iku cêkake / dolanan akèh wragade / manèh gampang grêjêgane / lan akèh sambekalane //

mungguh ing jaman saiki / bocah cilik ora ngrêti / duga-dugane jur lali / pangundhane tanpa wanci //

nuju bêdhuge dhêrandhang / mêsthi panase gumêmplang / bocah wis wiwit tumandang / nèng panasan ngênthang-ênthang //

rupa gêsêng julalatan / golèk layangan pêdhotan / yèn ana banjur balapan / prêlu mung arêp rayahan //

ora anjaga mripate / lan tan ngrasakke awake / mung anggêr nutug sênênge / dielikke malah ngece //

mangkono wis adat sabên / mula sok banjur bèlèkên / saya suwe saya nêmên / malah ana jur kadhêmên //

yèn pangundhane nèng ratan / lali mikimikir. kaprayitnan / tur gawe ribêting liyan / apa manèh têtunggangan //

--- 78 ---

anèng sajêroning kutha / akèh kawat rêna-rêna / kagèsrèk pêdhot ya bisa / tur sok gawe kasangsara //

awit listrik saikine / awan bêngi murub bae / yèn ta kumlèwèr kawate / kang nyenggol dadi tiwase //

mula bocah kudu ngêrti / yèn têmêne ing saiki / angundha layangan kuwi / jêron kutha dilarangi //

cêkake ngundha layangan / iku jênêng karoyalan / gawe pitunaning liyan / tur bisa nglarakke badan //

Pak Gathok.

Kucing Ngapusi Tikus

IV.

[Pangkur]

luwih-luwih si manungsa / barêng wêruh aku tan nyambut kardi / nyirnakkên bangsamu tikus / banjur katon yèn ewa / datan arsa nyadhong minôngka panganku / ngingoni manèh gêlêma / ngingêtake bae suthik //

sêngite kaliwat-liwat / sabên wêruh aku amindhik-mindhik / gage gone nyandhak gêbug / aku dioyak-oyak / sabên dina mung tansah mangkono têrus / dadi bangêt gonku nlôngsa / ngrasa sangsaraning urip //

têmah pêpuntoning nalar / banjur nglosod nglèlèh nèng kene iki / nyênyuwun mring kang Mahagung / olèha marga gampang / gonku golèk sandhang sapraptaning lampus / kabèh mau nora liya / mung kowe kang dak labuhi //

[Asmaradana]

kasmaran pra tikus sami /atine kêrônta-rônta / dupi myarsa ing critane / nora nyana lamun cidra / kabèh anganggêp nyata / gunême sing galur mau / mangsuli si tikus tuwa //

e, kucing mitraku bêcik / sajêgku urip nèng donya / ya lagi saiki kiye / wêruh kucing kang utama / tan arsa munasika / labuh wêlas marang tikus / pantês yèn ingalêmbana //

nurut unine si nini / kaki kabèh-kabèh kôndha / tumular ing bapak simbok / sadaya samya carita / yèn bôngsa kucing ika / karêmane mangan tikus / angrewangi pra manungsa //

têmêne kandhaku kuwi / apa iya pancèn nyata / apa mung lamisan bae / yèn iya glis supataa / apa pratandhanira / yèn nyata têmên kandhamu / gonmu duwe ambêk tama //

kucing anyauri ririh / e, kok padha tan prêcaya / ngandêla kandhaku bae / ora susah asupata / ingkang kinarya tôndha / têmêne ujarku mau / mara pikirên sing dawa //

kaanan saiki iki / lamun aku tan mangkana / kowe mêsthi sirna kabèh / aku wis watara dina / datan bisa mêmôngsa /suprandene ana tikus / mung dak ênêngke kewala // Bakal disambung.

Rr. Siswati, Bênêr - Purwarêja.

--- 79 ---

Niyaga Cilik

Kang diarani niyaga iku tukang nabuh gamêlan, dadi tumraping cara ngamônca kang bisa nabuh têtabuhan iku yèn jawaa, iya diarani niyaga.

Lumrahing niyaga iku ditindakake ing wong tuwa, amarga bangsaning têtabuhan iku, jare kang bisa ngêmatake rasaning gêndhing iku mung wong tuwa. Iku iya ana bênêre.

Nanging yèn mirid nalare, rasane iku iya bisa nyrambahi mênyang sapa bae, sanadyan bocah pisan iya ora beda, mung cak-cakaning rasane kang beda, tôndha saksine yèn bocah uga duwe rasa bab gêndhing, kayata yèn nuju krungu suwaraning gamêlan reyog: mung, mang, mung, jir. Iku banjur lincêg-lincêg, dadi nandhakake yèn krasa.

Lan mungguh sanyatane, rasa mau mung saka pakulinan, awit satêmêne iya ana bocah kang durung ngumur wis bisa nabuh gamêlan, iya bisa nabuh nganggo gêndhing kang alus-alus.

Dadi yèn ngono malah cêtha, yèn rasaning gêndhing iku malah kêna kanggo andhasari mênyang alusing bêbudèn. Tumraping bôngsa ngamônca, bab wulangan gêndhing iku ditindakake. Mangkono uga tumrape bocah ing tanah kene, ing saiki ya wis ora ana bedane.

[Grafik]

Kaya kang kacêtha ing gambar, iku bocah ngamônca kang isih cilik wis bisa ngunèkake hermonikah karo mênyanyèni. Satêmêne sanadyan ing tanah kene iya wis ora kurang, bocah cilik kang wis bisa nabuh gamêlan utawa têtabuhan ngamônca. Kaya gambar ing dhuwur iku, bocah ing tanah kene uga bisa nabuh mandholin.

--- 80 ---

Kapal kang Gêdhe Bangêt

Miturut pèngêtan ing salawase ana sudhetan ing Panamah, Amerikah, anane kapal kang liwat ing kono kang gêdhe dhewe jênêng Empress of Britain. Kapal mau gêdhene 42.500 ton ing saiki nuju ngubêngi jagad kanggo plêsir dening para miliyonèr ing Amerikah cacah 500. Para plêsir kang nunggang kapal mau uga mampir ing tanah kene, nonton kahanan wêrna-wêrna ing tanah Jawa lan liya-liyane.

Yèn mirid wujuding kapal pancèn iya gêdhe têmênan, dalane nganti ketok ciyut, môngka satêmêne ômba. Lan manèh têtandhinganing kapal karo sêpur ing sandhinge, ketok bangêt. Sing saya anggumunake iku wong-wong kang padha plêsir, dene plêsir bae athik ngubêngi jagad, iba akèhing wragade.

Kang mangkono mau pancèn kêna kanggo umuk-umukan, lan nyatane kaanan ing Amerikah iku waton anèh, apa-apa kudu sarwa manjila.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ngatingalakên Luhuring Budi

Dhawuh pangandika dalêm: Adipati Sasradiningrat, putra santana sarta bocah ingsun kabèh, padha sêksènana, têtilarane ibu Ratu Kancana kang rupa barang panganggo raja kaputran, sarta pirantine wong lanang sapanunggalane kabèh, padha ingsun paringake dadi wajibe adhimas Pangeran Adipati Purbaya.

Kang rupa barang raja kaputran sarta sapirantine wong wadon sapanunggalane kabèh, padha ingsun paringake dadi wajibe adhi ajêng Ratu Pambayun.

Kang rupa wang krêtas mas, lan salaka, têmbaga sapanunggalane, kang rupa buku-buku layang-layang, kitab Kuran sapanunggalane kabèh, padha ingsun paro, kang saparo ingsun paringake dadi wajibe adhimas Pangeran Adipati Purbaya, kang saparo ingsun paringake dadi wajibe adhi ajêng Ratu Pambayun.

Kang rupa sawah gêgadhuhan bumi desa ingsun lastarèkake dadi gêgadhuhane adhimas Pangeran Adipati Purbaya.

Dhahare ibu kang rupa uwang sabên sasi limang atus rupiyah putih ingsun lastarèkake ditampani adhi ajêng Ratu Pambayun.

Anadene sambutane suwargi ibu Ratu Kancana sapira petunge ingsun pundhut, ingsun kang bakal angêsahi saka uwang kagungan ingsun dhewe, kang diarani uwang kasab. Mangkono manèh sira undhangna, sadhengah wonge kang padha disanggêmi arêp diparingi ganjaran sapêpadhane dening suwargi ibu Ratu Kancana, ingsun kang bakal angrupakake, nuli sira dhawuhna.

Unjukipun kangjêng radèn adipati: Kawula nuwun sandika.

Sakèndêlipun pangandika dalêm punika, tiyang salêbêting kadhaton agêng alit jalêr èstri sami kapiluh, angondhok-ondhok sadaya, dene botên ngintên pisan-pisan manawi makatên kadadosanipun, ing wasana sami suka sukur sadaya, mêmuji kaluhuraning panggalih dalêm anggèning têtêp sinêbut wicaksana andanardana.

Kacariyos dhawuh timbalan dalêm wau sampun sami kalampahan, sampeyan dalêm lajêng jêngkar kondur ngadhaton, para ingkang sami sumewa sadaya sami kalilan bibaran.

Ing wanci siyang sampeyan dalêm kaparêng lênggah ing mêthelan (sapunika Langênkatong), inggih punika padatanipun manawi lênggah padintênan, ingkang ngadhêp wontên ing ngarsa dalêm, kajawi para abdi dalêm urdênas tuwin palawija, rayi dalêm Kangjêng Pangeran Angabèi kalihan Kiyai Rônggasutrasna, lênggah dalêm wau anampèni pisowanipun para santana abdi kawula dalêm jalêr èstri ingkang sami rumaos tampi sêsanggêman saking suwargi Kangjêng Ratu Kancana badhe dipun paringi ganjaran, sami kadangu satunggal-satunggal kalayan kaparingan dhawuh makatên:

Aku kang rumôngsa kawajiban anglastarèkake sarta nêtêpi sêsanggêmane suwargi ibu, pangakumu disanggêmi arêp diparingi apa (munjuk miturut punapa pangakênipun) ing samêngko aku kang mujudi sarta maringake, yèn pangakumu iku têmên, tak paringi pangèstu, sêmpulur lan wuwuh-wuwuha. Yèn ora têmên, kowe sumurupa, donya kang suci iku ana walate. Sasampunipun kaparingan dhawuh makatên, lajêng dipun paringi punapa pangakênipun, wontên ingkang wujud sêngkang, wujud timang, wujud supe, sasaminipun.

Kacariyos, sawênèhipun ingkang ngakên dipun sanggêmi wau sarêng mawi kaparingan dhawuh makatên, salong wontên ingkang walèh manawi têmênipun botên kaparingan sêsanggêman, dados namung ngakên-akên, têmahan namung ngunjukakên pêjah gêsang nyuwun pangapuntên dalêm. Narimah botên saèstu kaparingan. Ewadene dhawuh dalêm makatên:

Wong nglakoni kaluputan, kang rumôngsa sarta angakoni kaluputane, iku wajib diapura, sarta pantês tak paringi kawêlasan, amarga ana titike yèn kêtitipan ati suci, dene anggone wani ngaku-aku iku amung kêtarik saka sabab liya-liyane. Mulane saiki kowe uga tak paringi ganjaran sapantêse kanthi pangèstu, muga sêmpulura lan wuwuh-wuwuha. Wusana tiyang wau lajêng kaparingan ganjaran samurwatipun, kalayan amêmundhi gênging kadarman dalêm, lajêng kalilan mundur.

Pêthikan saking Sêrat Andum Warisan, lêlabêtan utami kala alamipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping V ing nagari Surakarta. Rêgi ... f 0.15.

Wêdalan Bale Pustaka Batawi Sèntrêm.