Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-06, #1805

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1935, #1805
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-01, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1483.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-02, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1484.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-03, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1485.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-04, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1486.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-05, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1487.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-06, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1488.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-07, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1489.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-08, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1490.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-09, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1491.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-10, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1492.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-11, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1493.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-12, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1494.

--- [725] ---

Ôngka 46-47, Stu Kli, 13 Mulud Jimakir 1866, 15 Juni 1935, Taun X

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka ing sawingkinging kantor Palis, tilpon nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Margi Agêng - Bab Kasarasan - Kobis - Warak - Bab Raosing Gêndhing - Mukjijatipun Satunggiling Nujum Tiyonghwa Jaman Kina - Ngrasakke Jaman Susah - Kawontênan ing Gunungkidul - Babad Panaraga - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Margi Agêng

[Grafik]

Margi agêng antawisipun Asêmbagus kalihan Banyuwangi, Bêsuki.

--- 726 ---

Bab kasarasan.

Bab kamajênganipun kadhoktêran ing têmbe dhoktêr namung anjagi utawi nulak inggih nyêgah sêsakit kemawon.

Sambêtipun kajawèn nomêr 45.

Mila tiyang ingkang mangrêtos punika gampil dipun tata, lan gampil nampi rêmbag ingkang lêrês, beda tiyang ingkang cotho bab sêsêrêpan yèn dipun rêmbagi ingkang lêrês sae utawi migunani dhatêng badanipun piyambak utawi umum, punika asring kalintu panampi, utawi lajêng manut gugon tuhon botên gathuk kalihan pamanggih umum, kados ta suntikan mayit ing wêkdal wontên pagêblug sêsakit pès, prêlunipun suntikan mêndhêt êrah kangge nêtêpakên sêsakitipun lêrês punapa botên, yèn êrah angsalipun saking suntikan wau kapriksa pinanggih wontên baksilipun pès, têtiyang ingkang gêpokan utawi sêsrawungan kalihan ingkang sakit (pêjah) lajêng dipun pisah dipun barak sawatawis dintên, prêlunipun manawi têtiyang wau sampun katularan sêsakitipun môngka lajêng sêsrawungan utawi kêmpal kalihan ingkang saras inggih sagêd nulari, dados salajêngipun ngômbra-ômbra.

Samôngsa papriksan êrah wau botên pinanggih wontên baksilipun, inggih botên wontên tiyang ingkang dipun barak.

[Grafik]

Griya ingkang wontên susuhipun pès.

Asring kemawon dening tiyang padhusunan ingkang wontên pagêblug sêsakit makatên, mayitipun dipun colong dipun kubur, botên ngantos kapriksa dening ingkang wajib, dados botên ngantos kasuntik kapêndhêt êrahipun, amargi têtiyang sanak sadhèrèkipun ingkang pêjah rumaosipun mayit dipun suntik punika, prasasat mayit dipun tatoni utawi dipun risak, ngantos asring kalampahan têtiyang sadhusun mêmêngsahan kalihan pulisi utawi mantri verpleger (inlichter) dipun balangi dipun krutug sela dening têtiyang wau.

Nitik cathêtan, sabên taun-taunipun kawontênan sêsakit t.b.c. ing Eropah saya kirang ingkang pêjah, jalaran t.b.c. inggih kathah sangêt sudanipun. Dene sudanipun sêsakit wau cêtha, botên saking jampi utawi jalaran dipun jampèni, [jampè...]

--- 727 ---

[...ni,] nanging saking panjaginipun sêsakit wau dipun kêncêngi saèstu.

Mila saupami nagari samangke karsa damêl pranatan, dipun awiti guru-guru ingkang mulang ing pamulangan lan guru-guru ngaji ing langgar-langgar utawi sanèsipun botên kenging mulang yèn dèrèng kapriksa kasarasaning badanipun dening dhoktêr. Manawi pinanggih guru-guru wau gadhah sêsakit t.b.c. lajêng dipun awisi mulang, awit guru ingkang sakit makatên mulang wicantên ing sacakêtipun murid gampil sangêt anggènipun nularakên sêsakitipun dhatêng muridipun.

Kajawi punika murid-murid ing pamulangan inggih prêlu kapriksa dening dhoktêr, ingkang sakit t.b.c. utawi ingkang ringkih dipun kintên gadhah sêsakit kêdah dipun priksa ingkang titi, dipun pulasara lan dipun jampèni ngantos saras.

Sanajan para dhoktêr sampun sagêd nêtêpakên yèn pranatan panyêgahipun sêsakit utawi sanèsipun wau pancèn lêrês saha èstu sagêd, ananging botên kenging dipun mêsthèkakên tumrap sêsakit sanèsipun, awit taksih kathah sabab-sabab ingkang tiyang utawi dhoktêr dèrèng sagêd manggihakên utawi dèrèng mangrêtos.

Ewadene sampun kathah sêsakit ingkang saèstu kenging dipun jagi kacêgah, ngantos sagêd sirna utawi lajêng botên sagêd thukul. Ingkang makatên punika, tiyang kêdah matur sèwu nuwun dhatêng para dhoktêr ingkang pintêr ingkang sagêd nanggulangi sêsakit warni-warni wau.

R. Sumadirja, Ind. Arts. Kudus.

[Grafik]

Margi ing wana Sumatra Kidul.

--- 728 ---

Bab Tanêman

Kobis

Sambêtipun Kajawèn nomêr 45.

Mênggah petang samantên wau manawi lêrês pananêmipun wontên ing wulan Mèi, kasèpipun malih têmtu dados suda wawratipun. Lan kauningana, kobis ingkang mawi rabuk z.a. punika manawi sampun kaundhuh botên sagêd tahan dangu kados ingkang tanpa karabuk, inggih punika pinggêt sakêdhik kemawon inggih lajêng dados lonyoh (bosok) kados sabun kaêkum ing toya, botên ngantos gantalan dintên. Kosokwangsulipun ingkang tanpa rabuk sanajan tatu kenging lading upaminipun utawi kauncal-uncalakên kados bal inggih mêksa tahan dangu, botên bosok, mila ingkang sok kakintunakên têbih adhakan milih kobis ingkang makatên punika. Namakakên rabuk z.a. punika manawi tanêman sampun umur 3 minggu, lan cêkap karabuk sapisan. Sabên tanêman sabau namung cêkap ngangge z.a. 1½ dhacin, tumrap ing môngsa sapunika z.a. wau ing dalêm sadhacin namung rêgi f 4,-- dados 1½ dhacin ± f 6,-. Wondene bab wiji cêkapipun ± 200 gram rêgi f 0,90.

[Grafik]

Kêbon kobis ingkang wijinipun saking nagari Walandi.

III. Bab pangundhuh tuwin panyadenipun.

Manawi kobis punika sampun umur 50 dintên jangji tanahipun sae tamtu sampun nigan. Ing wêkdal makatên samôngsa godhongipun ingkang ngandhap ngalaras (garing utawi jêne) botên prêlu dipun wiwil awit manawi godhong ngandhap punika kalong satunggal tamtu godhongipun pupus (tiganipun) mêkar satunggal, makatên salajêngipun, mila sampun pisan-pisan dipun wiwili.

Mênggah ing pangundhuh prayogi ing wanci siyang, lan sampun pisan-pisan kagêpok toya, murugakên enggal risak, mila malah prayogi dipun galethak-galethakakên ing papan bêntèr watawis sadintên, paedah sagêd tahan lami, lan pundi ingkang wontên ulêripun lajêng sagêd sirna.

--- 729 ---

Sawênèhipun tiyang ngêpyok-pyoki kobis ingkang mêntas kaundhuh ngangge toya, supados awèt sêgêr, punika sajatosipun lêpat, awit manawi barang wau badhe kakintunakên têbih, upaminipun dhatêng Singgapur, punika sawêg wontên ing palabuhan Surabaya sampun sami bosok. Mila bab wau kaèngêtana. Kadosdene bôngsa Tionghwa ingkang kacariyos ngajêng, sampun nate ngalami tèkên kontrak ngintuni kobis dhatêng Singgapur wau, nanging jangjinipun katampi wontên ing Surabaya kanthi sae. Wusana wingkingipun dhawah tuna agêng jalaran sarêng kobis sawêg kabikak saking grobag sampun sami risak, botên sanès sabab kabêkta saking lêpating tindak sapêcak inggih rikalaning ngundhuh wau.

IV. Katrangan sanès-sanèsipun.

Miturut watakipun kobis punika mathuk katanêm ing hawa asrêp, langkung sae malih manawi sitinipun mawug kaworan pasir, nanging wawratipun langkung ènthèng katimbang lan ingkang katanêm ing siti kêlèt. Yèn katanêm ing siti kêlèt umuripun langkung lami malih, inggih punika kaot 5 utawi 10 dintên, dene manawi sagêd ngupadosa pasitèn ingkang bakda katanêman kadhêle, punika prayogi sangêt katanêman kobis. Wondene ingkang mathuk sangêt katanêm ing padunungan kula tanah Malang, inggih punika: Roem van Enkhuizen-kool, tumrap tiyang padhusunan anggèning mastani namung kapêndhêt gampilipun kemawon inggih punika: kobis rum.

Bibit ingkang badhe katanêm punika prayogi kabêdhol ing wanci enjing, nuntên dipun pilihi ingkang sae-sae, inggih punika kapilih ingkang lêma, pupusipun botên purêt tuwin botên kanggenan ama cabuk, sukur bage sagêd racak agêng-alitipun, dados tuwuhipun sagêd sarêng. Bibit ingkang awon kabucal. Sontênipun bibit pilihan wau katanêm, dados katahan sadintên dangunipun. Botên prêlu nguwatosakên manawi pêjah jalaran kêdangon panahanipun awit bibit punika sanajan katandho ngantos saminggu dangunipun waton botên kêbênteran samôngsa katanêm inggih mêksa taksih sagêd gêsang, botên langkung manawi badhe nanêm kemawon pasitènipun kêdah kaêlêba rumiyin watawis sadalu, lêt kalih dintên ngadat bibit wau sampun wiwit nglilir.

Ing bab ngipuk (ada-ada I ngajêng) nyêbutakên: samôngsa ipukan sampun watawis umur 10 dintên kêdah kaputêr dhatêng sanès panggenan, inggih punika ing papan bedhengan ingkang ragi kobèt wigatos angêrang-rangi, punika paedahipun agêng, inggih punika prêlu damêl racaking tigan sagêd waradin agêng-alitipun. Awit samôngsa ipukan wau tanpa kaputêr, môngka ujug-ujug lajêng katanêm kemawon ing têmbe dadosipun nigan botên sagêd sarêng, lan botên sami agêng-alitipun.

Pèngêt, manawi pananêmipun kobis namung niyat kasade eceran ing pêkên-pêkên utawi nêdya kakintun têbih, prayogi tanpa rabuk z.a. kemawon awit kobis ingkang makatên langkung kiyat kasimpên lami, botên gampil bosok.

Nirrasa.

--- 730 ---

Jagading Sato Kewan

Warak

Warak punika bangsaning kewan agêng, sanadyan tiyang awis ingkang nyumêrêpi kawontênanipun ingkang sayêktos nanging kathah ingkang sampun mirêng tuwin sampun mrangguli gambaripun. Kajawi punika tumrapipun bôngsa Jawi inggih sampun kêrêp mirêng ucap-ucapan bab warak wau ing sêrat.

[Grafik]

Warak ing tanah Aprikah.

Miturut katrangan warak wau wontên warni gangsal, inggih punika warak ing tanah Ngindhu, tanah Jawi, Sumatra, pêthak tuwin cêmêng. Kajawi punika taksih wontên sanès-sanèsipun malih ingkang sawarni makatên.

Warak tanah Ngindhu punika agêng, wawratipun ngantos kalih èwu kilogram, pawakanipun buntêk, culanipun panjang, êndhasipun gêpak. Limrahipun kajawi manggèn ing tanah Ngindhu ugi manggèn ing laladan nagari Tiongkok sisih kidul.

Warak tanah Jawi, punika miturut katranganing para ahli, bibit sakawitipun inggih tularan saking tanah Ngindhu, nanging dangu-dangu turun-turunipun lajêng anggadhahi wangun piyambak. Wacucalipun langkung kathah lêmpit-lêmpitanipun, warninipun abrit sêmu klawu.

Warak tanah Sumatra, punika sairib warak tanah Jawi, nanging ragi alit, wacucalipun mulu.

Warak cêmêng, punika dunungipun ing Aprikah sisih kidul. Warak wau limrahipun acula kalih, panjang cêlakipun botên sami.

Dene warak-warak punika ingkang kapetang agêng piyambak warak pêthak, ugi manggèn ing Aprikah sisih kidul. Culanipun kalih, cula ingkang ngajêng langkung panjang, wontên ingkang ngantos samètêr, dene cula satunggalipun cêlak. Ulês ingkang dipun wastani pêthak wau lugunipun botên pêthak mêmplak makatên, nyatanipun cula jêne. Endhasipun langkung agêng panjang, ing cangkêm wontên wujudipun kados têlale.

Warak punika kêgolong kewan bangsaning kina, têgêsipun sampun kêcathêt wontên ing cêcariyosan kala ing jaman kina, malah kala ing taun 61 sadèrèngipun Kangjêng Nabi Ngisa, sampun wontên ingkang kabêkta dhatêng tanah Ngêrum. Manawi miturut babad, kala ing taun 1513 Sri Nata Portêgal sampun angsal warak gêsang wêdalan saking tanah ngriki. Ing ngriku wujuding kewan ingkang sanyata wau lajêng dipun tulad awangun rêca kajêng, sanadyan pêpêthanipun [pê...]

--- 731 ---

[...pêthanipun] sampun nyêbal saking baku, nanging tandhaning asli niru saking warak taksih katingal.

Warak punika sanadyan wujudipun sajak sarwa kêndho, nanging nyatanipun kewan galak enggal sangêt nêpsunipun, manawi wontên wana, samôngsa sumêrêp kêlebating tiyang, lajêng nêpsu, malah kenging dipun wastani lajêng ngamuk, pangamukipun wau kados ngawur kemawon. Dados mèmpêr ing ucap-ucapan sêrat Jawi mastani: warak wuru ngawur-awur.

Warak punika rêmênipun manggèn ing jêmbêkan ingkang runggut nanging milih papan ingkang cêlak pasukêtan tuwin wana ingkang katrajang lèpèn. Sanadyan bêbondhotan ingkang kêtêl tuwin kathah êrinipun kados punapa, tamtu sirna dipun trajang ing warak, dados pundi bêbondhotan ingkang katrajang, inggih lajêng piyak dados margi.

Tataning gêsangipun warak ing dalêm sadintên sapisan tamtu pados pangombèn dhatêng papan sanès saha wontên ing ngriku lajêng gulung-gulung. Papan ingkang kados makatên punika manawi bôngsa Jawi mastani pagupakaning warak, dipun anggêp dados satunggiling papan ingkang sangar. Dene salugunipun, warak anggèning gadhah tindak makatên wau prêlu kangge mêdhaki blêthok badanipun kadosdene sampun dados kasênênganipun. Ing kalanipun gulung wau katingal titikipun bingah, mawi nyuwara gêrêng-gêrêng, nanging salêbêtipun tumandang kados makatên wau botên tilar kaprayitnan. Bakunipun warak punika rêmên dhatêng hawa bêntèr, nanging karêm manggèn ing papan ayom, kala-kala katingal anggèning anjêgrêg manggèn ing papan ayom. Manawi nuju tilêm wujudipun ngantos nyamar kadosdene prabatang, namung orokipun sagêd kamirêngan têbih.

[Grafik]

Warak ing tanah Sumatra ingkang pêjah kasanjata.

Limrahing warak punika kasumêrêpanipun ing tiyang manawi nuju tilêm utawi nuju nêdha, dene caranipun sasaba gêgrombolan nanging botên sapintêna.

Warak punika golongan kewan busuk, tandangipun kêndho, awis nyuwara, dene manawi nyuwara, punika nandhakakên manawi nêpsu, panêmpuhipun dhatêng mêngsah mutatuli. Wêwatêkanipun kadosdene lêmbu, samôngsa sumêrêp wêwarnèn abrit enggal nêpsunipun.

Wontên kaelokan tumrap gêsanging warak, nanging sampun dados kalimrahan inggih punika, limrahing warak anggadhahi mitra pêksi, bangsaning pêksi platuk, punika salaminipun botên nate pisah. Dene sajatosipun pêksi wau kadosdene [kadosde...]

--- 732 ---

[...ne] dados juru petan anucuki gêgrêmêtan ingkang manggèn ing kuliting warak, amargi warak punika kulitipun lêmpit-lêmpitan, dene ingkang manggèn ing ngriku punika inggih bangsaning kewan êntup-êntupan punapa. Dados tumraping kewan kêkalih wau anggènipun mêmitran sami daya-dinayan, pun pêksi ngrumaosi angsal têdha, dene pun warak rumaos dipun icali amanipun ing badan. Anèhipun tumrapipun pêksi punika manawi sumêrêp kalebating tiyang, lajêng nucuki kuping warak, warak inggih lajêng kesah saking ngriku.

Sami-sami bêbujêngan wana, warak punika kêgolong botên gadhah mêngsah, awit sawarnining kewan galak, sami botên kêdugi mêmêngsahan, dening warak wau kulitipun kandêl sangêt, botên pasah dipun gruwak utawi dipun cakot, dados jan mêngsahipun namung tiyang. Dene caraning ambêbêdhag warak punika kêdah kêndêl sayêktos, panyanjatanipun kêdah tutul pêtis, murih lêpasing mimis kuwawi nêmbusakên kulit. Tumrapipun ing tanah Indhu, ambêbêdhag warabwarak. wau asring mawi gajah, nanging trêkadhang gajah wau inggih kawon dening panêmpuhing warak.

Kapitadosanipun bôngsa Jawi, cula warak punika agêng sangêt dayanipun, makatên ugi untunipun, kenging kangge nulak sawarnining klêlêgên, cula utawi untu wau dipun kum ing toya, lajéng dipun ombe.

Nanging sayêktosipun kapitadosan makatên wau botên namung tumrap bôngsa Jawi kemawon, sanadyan bôngsa ngamônca ugi wontên ingkang gadhah panganggêp makatên. Tumrap bôngsa luhur Turki wontên ingkang ngagêm wadhah unjuk-unjukan culaning warak, mênggah kapitadosanipun, sawarnining unjuk-unjukan ingkang mawa wisa, samôngsa kalêbêt ing wadhah ngriku lajêng sagêd tawa.

Krêtêg

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar krêtêg ingkang sakalangkung panjang, ing tanah Krui, Bêngkulên.

--- 733 ---

Kagunan Jawi

Bab Raosing Gêndhing

Satunggal-satunggaling bôngsa, inggih bôngsa punapaa kemawon tamtu gadhah raos sêngsêm dhatêng gêndhing, wiwit tiyang ingkang inggil kasusilanipun ngantos dumugining tiyang wanan pisan, botên beda inggih sami gadhah sêngsêm. Ing bab gêndhing wau malah kangge titikan dhatêng inggil andhaping kasusilan. Tumrap ingkang inggil kasusilanipun wontêning têtabuhanipun warni-warni, makatên ugi gêndhingipun.

[Grafik]

Têtabuhanipun têtiyang Aprikah

Ing bab laguning gêndhing punika warni-warni, wontên ingkang raos adamêl gambiraning manah, wontên ingkang dados panglipur, wontên ingkang raos ngêlangut, malah tumrap ingkang karaos yêktos wontên ingkang sagêd damêl tangis.

Ing bab gêndhing wau èstunipun inggih anumusi dhatêng cocoganing raos, upaminipun gêndhing kilenan punika tumrap ingkang kêdunungan raos kilenan, tampining pamirêng dhatêng gêndhing, inggih kandhas dumugi manah saèstu. Saya tumrap ingkang pancèn anggadhahi gêndhing piyambak, têmtunipun saya kraos sangêt. Ingkang makatên punika kenging kangge tôndha saksi dhatêng antêping raosipun, awit tumraping tiyang sanès ingkang pancèn botên anggadhahi raos kados makatên, [ma...]

--- 734 ---

[...katên,] inggih punika ingkang sanès gadhahanipun piyambak, tamtu botên karaos punapa-punapa, makatên ugi kosokwangsulipun inggih botên kirang tiyang ingkang kêraosipun dhatêng gêndhing, malah kraos manawi mirêng gêndhinging bôngsa sanès punika ugi lajêng katingal namung jalaran saking matuh, utawi saking botên srawung kalihan gêndhingipun piyambak. Tamtunipun raos ingkang kados makatên punika nama nipisakên raosipun piyambak.

[Grafik]

Gamêlan Sundha.

Nanging tumrap tiyang ingkang anjajah dhatêng raosing gêndhing inggih lajêng katingal anggèning botên ambedak-bedakakên, punika ugi dados titikan satunggiling tiyang ingkang sumrambah. Wontênipun makatên têmtunipun jalaran saking sadaya suwaraning gêndhing sagêd angengingi dhatêng raosipun, tumrap gêndhing pundi kemawon manawi araos damêl gambira, inggih tinampi makatên, makatên ugi tumrap gêndhing sanès-sanèsipun.

Dangu-dangu tumrap ingkang sagêd ngraosakên kados makatên punika, manawi kadhasaran sagêd ngêcakakên nabuh piyambak malah sagêd ngêmorakên saha lajêng dados satunggiling gêndhing ingkang nêngsêmakên, mila bab gêndhing wau tansah tuwuh-tuwuh kemawon saya lami saya kathah.

Tumrap gêndhing utawi têtabuhanipun punika mênggahing para sagêd babagan makatên wau, sagêd anggoyat-gayutakên kados têtabuhanipun bôngsa Aprikah, punika tamtunipun inggih dèrèng nyamèni kalihan têtabuhanipun bôngsa Eropah, nanging pinanggihipun têtabuhanipun bôngsa Aprikah wau malah dipun telad ing bôngsa Eropah, pinanggihipun saya prayogi saha dados têtabuhan ingkang dipun wastani gagrag enggal dipun rêmêni ing tiyang kathah, saha lajêng dados saumum.

Ing bab raosing gêndhing wau, sampun malih ingkang nama têtabuhan jangkêp, sawêg ingkang warni kêtipung thok, inggih punika têtabuhanipun tiyang wanan, manawi dipun tabuh suwaranipun namung: pang, pung, ewadene ugi sampun sagêd damêl gambira, tiyang ingkang mirêngakên manahipun lajêng kagugah. Manawi mirid suraosing sêrat-sêrat ingkang nyariyosakên têtabuhan têngaraning pêri, kados ta gong bèri, ing ngriku katingal gêgambaranipun bilih suwaraning têtabuhan wau adamêl tangining manah, wontên ingkang suraosipun makatên:

[Durma]

ridhu mawor mangawur-awur wurahan / têngaraning ajurit / gong maguru gôngsa / têtêg kadya butula / wor panjriting turonggèsthi / rêkatak [rêkata...]

--- 735 ---

[...k] ingkang / dwaja lêlayu sêbit // Mênggah cêthaning gambaran, ramening têtabuhan wau ngantos adamêl orêg.

Dene tumrap raos sanès-sanèsipun ingkang sagêd nênarik manah, punika warni-warni, manut laguning gêndhing. Bab makatên punika tumraping para ahli kados botên kêkilapan, cêthanipun malih ing bab raosing gêndhing enggal, punika tuwuhing panganggit mêndhêt saking gêgambaraning lêlampahan utawi kawontênan, ing ngriku tumanêmipun dhatêng manah sagêd anêrusi dhatêng raosing batos malah katingal ngantos kados maujud. Dados nocogi dhatêng nama tuwin suwaraning gêndhing, manawi gêndhing Jawi, upaminipun kemawon boyong, mathuking cak-cakanipun utawi srêgipun kangge anabuhi jogèding pangantèn ing kalaning nayuban amboyong ingkang èstri mantuk dhatêng griyanipun, ing ngriku katingal wujuding pangantèn amboyong, gêndhingipun boyong, suwaraning gêndhing wau inggih raos ngrêgiyêg sarwa adamêl ambêdhêdhêging manah. Dene nyatanipun tuwuhing raos ingkang kados makatên punika, namung dumunung dhatêng raos ingkang anocogi, utawi ingkang sampun lêbêt dhatêng raosipun bab gêndhing.

[Grafik]

Têtabuhan Timur nuju dipun jogèdi.

Wontên sawenèhing pènsiyunan saradhadhu Jawi, nyariyosakên jaman nalika pêrangan ing Lombok, punika nalika lampahing saradhadhu wangsul saking ambêdhah kitha, samargi-margi mawi ngungêlakên têtabuhan musik, ing ngriku saradhadhu wau kêtuwuhan raos ingkang ngantos botên sagêd mindhakakên, wontên ingkang araos damêl bingah, wontên ingkang adamêl karaos-raos malah adamêl ngêrês. Raos ingkang kados makatên wau kawusananipun adamêl tangis.

Bab raosing gêndhing wau inggih lêrês namung tuwuh saking pangothak-athik, nanging pangothak-athik ingkang damêl gêsanging raos.

Ha.

--- 736 ---

Kawruh Sawatawis

Mukjijadipun satunggaling nujum Tionghwa jaman kina, dede dongèng, kawontênan nyata sayêktos.

Nalika nagari Tiongkok taksih madêg karajan, têlênging karaton nagari Tiongkok kala samantên wontên sawênèhing nujum sangêt misuwur kawaskithanipun tumrap bayi lair, benjing diwasanipun badhe dados tiyang kadospundi, sang nujum sagêd amêca kalihan cêkak mêndhêt saprêlu, nanging têmtu cocog plêg kanthi kanyatan, upaminipun: bayi iku besuk diwasane bisa dadi wong sugih, nandhang sangsara salawase, tinitah singgih, kuwat dadi pangayomane wong akèh utawi mung dadi wong lumrah bae, sapanunggilanipun. Sanadyan kathah panunggilanipun nujum-nujum, nanging sadaya namung pinanggih limrah, têgêsipun botên mêsthi sagêd nyata utawi cocog, malah kathah malèsèdipun tumrap pamêca dhatêng bayi lair dumugi benjing diwasanipun wau. Botên kados nujum satunggal ingkang kalêbêt cariyos punika, sampun wontên pintên-pintên atus bayi ingkang dipun nujumakên mriku, pamêcanipun pinanggih nyata sadaya. Ngantos têtiyang kathah sami anganggêp bilih punika satunggiling titah ingkang katitisan ... wêruh sadurunge winarah. Nanging tibakipun jêbul namung tiyang wantah walaka kemawon botên gadhah kasagêdan punapa-punapa tumrap dhatêng panujuman. Langkung-langkung pamêca, saya botên panggih-pinanggih. Têrangipun mangke kacariyos ngandhap.

Ing tanah Jawi ngriki, nalika taun Walandi 1866 utawi taun Alip 1795, ingkang mangagêngi paprentahan bôngsa Tionghwa sakitha Surakarta, panjênênganipun Tuwan Kapitan Tanjibik, pakêcapan ngakathah jaman samantên, kêlimrah mastani: Bah Kapitan Jibik. Ing wulan Nopèmbêr 1866 tuwan kapitan kintun telêgram dhatêng sang nujum misuwur ing nagari Tiongkok wau. Nakèkakên nalika dintên tanggal wulan sarta taun anu, wanci jam samantên ing padununganipun Tuwan Kapitan Surakarta wontên bayi lair jalêr, punika kadospundi benjing diwasanipun ... Nanging sintên ingkang nglairakên bayi wau botên kasêbutakên.

Kirang langkung kalih wulan laminipun tuwan kapitan sawêg tampi sêrat wangsulan saking sang nujum mêdal pos an gêtèkên. Mênggahing basa Jawi ringkêsipun makatên: tuwan kaptowa, sangêt andadosakên pangunguning manah kula, dene salami kula nindakakên panujuman bab bayi lair benjing diwasanipun ... têka sawêg satunggal saking panjênêngan punika wontên bayi ingkang wêcanipun mênjila sangêt, nglêngkara tuwin botên pinanggihing nalar tumrap kaptowa piyambak ngriki, mila kula inggih badhe maibên tuwan, wêcanipun bayi lair ingkang tuwan takèkakên punika, Benjing diwasanipun bayi wau sagêd jumênêng nata, widada sapanginggilipun botên kirang satunggal punapa. Kawuningana tuwan, wontênipun wêca-wêca wau, sajatosipun kula

--- 737 ---

namung sadarmi nyariyosakên warahing primbon tilaranipun lêluhur kula, kula angge nindakakên panujuman sadaya pinanggih cocog, anamung tumrap kaptowa piyambak, punika wallahu alam kula piyambak botên sagêd punapa-punapa.

Tampi katêrangan saking sang nujum wau, tuwan kapitan dahat gawoking manah dhatêng kalangkunganipun sang nujum kina ingkang ngwontênakên wêca-wêca tumrap ing primbon wau, kanthi ngucap sukur ing Allah. Wêkasan mêmuji mugi-mugi wahananing wêcan wau pinanggih cocog benjing dhawahing môngsa. Mila makatên, awit bayi lair ingkang dipun nujumakên tuwan kapitan ing jaman samantên, mijil saking karêntêging manahipun tuwan kaptowa piyambak, punika sajatosipun: Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun kaping X ing Surakarta sapunika, nuwun tabe-tabe. Rikala samantên miyosipun wontên ing tanggal kaping 29, lajêng enjingipun kaping 30 sami Nopèmbêr 1866 anggèning tuwan kaptin nujumakên sarana telêgram kasêbut nginggil, nanging botên kapratelakakên bayi sintên sarta sintên ingkang nglairakên.

Cariyos punika lugu namung minôngka wêwahing pengêtan kawontênan ing Surakarta rikala jaman samantên. Wasana bilih wontên nalisiripun sawatawis kula nyuwun pangaksama para maos.

P.K. 585.

Panglipur Manah

Ngrasakke Jaman Susah.

[Mijil]

bokne bokne mrenea digêlis / ayo omong-omong / timbang padha turu sore-sore / bêcik ngrêmbug jaman susah iki / iya pakne Pardi / aku kok ya mathuk //

rèhning iki jênêng jaman sêdhih / iya jaman mrosot / akèh wong kang kawêtu sambate / apa manèh tumraping wong tani / kaya aku iki / yèn ora anyêbut //

pêpayone jagung bêras pari / tansah saya mlorot / durung cukup sing kanggo butuhe / mrana-mrene kudu kanthi dhuwit / tur nora sathithik / butuhe sathekruk //

mula bokne kowe tak tuturi / aja dadak mlengos / ngati-ati sing nyêkêl butuhe / aja cal-cul sok buwangi dhuwit / kudu dielingi / mêsthi nganggo petung //

poma aja nganggo sok disambi / adu kucing bêdor / ngono kuwi yèn turah dhuwite / nanging mungguh tumrape wong tani / pantêse mung gêmi / sing wajib ditiru //

e, la, kojur pakne Pardi kuwi / têka dipaido / la thik kaya bocah wingi sore / patut dadak nganggo dituturi / ana wis mèh nganti / wane arêp mabluk //

ngono mau rak yèn bojon pyayi / sing sok gêlêm tanggon / lêlamat lag gêlungane kondhe / sêsambène ngêdu pêcuk kênci / najan sing ngrèntêni / uga sok ditêmpuh //

wis-wis bokne mung ngene

--- 738 ---

saiki / Si Pardi bèn nyopot / luwih bêcik nora nêrusake / prêlu apa sêkolah diudi / besuk ya mung dadi / tukang mluku macul //

lo kêpiye pakne kowe kuwi / jêbulane nylêmong / ana bocah arêp dicopotke / eman-eman olèhe mragati / sire golèk ngirit / bakale kêduwung //

ta gagasên jamane saiki / najan bocah wedok / mêsthi kudu disêkolahake / beda karo jamane sing uwis / nêgara nganani / sêkolahan dhusun //

nora nganggo dadak pilih-pilih / kêna sabên uwong / sapa bae sing nyêkolahake / bayarane uga mung sathithik / yèn nora nglêboni / rak wong jênêng kliru //

manthuk-manthuk pakne Pardi nuli / kôndha alon-alon / iya bênêr aku luput bokne / nanging apa sing kanggo mragadi / bisane lêstari / sêkolahe nutug //

kuwi gampang yèn olèhku mikir / Pardi yèn ra mogok / wis bêcike dingèngèrke bae / mênyang gone dèn guru Subali / sing wis têpung bêcik / tur mêsthi yèn mathuk //

thole Pardi anakku cah sigit / aja dhêlog-dhêlog / thik kaya wong sing susah atine / mara coba mrene tak tuturi / rungokna sing titi / aja sêling surup //

rèhning pakmu rêkasa saiki / rumasa yèn abot / mula kowe arêp tak ngèngèrke / mung wêlingku kudu kang tabêri / srêgêp têmên mêsthi / sapakon mung nurut //

bisa têrus sêkolah lêstari / jênêng nora mogol / sabên sasi ngirim bayarane / tilik mulih mung yèn nuju prèi / aja nyulayani / mung iku wêlingku //

o yèn ngotên kula gih nglampahi / botên awrat kados / malah bathi ing tata kramane / lan yèn sagêd kula badhe nyambi / ajar andondomi / nanging mung yèn nganggur //

wis ta bokne tak mangkat saiki / najan tanpa sangon / tan kacrita nèng dalan lakune / wise têkan nuli ditakoni / apa kang wigati / Pak Pardi jur tutur //

pancèn ontên prêlune sakêdhik / botên pados-pados / yèn dèn guru dhangan pênggalihe / lan yèn sêpên pakèwêd kang abdi / pun Pardi rumiyin / prêlu badhe tumut //

dhèrèk mriki dados sagêd mligi / sinau kang maton / botên kados yèn ontên griyane / botên nate wontên ingkang mêrdi / sinaune nyambi / mung sakobêripun //

inggih ta pak sampun kula tampi / bungah lair batos / amung mawon kula dipujèkke / bisa têtêp salamêt lêstari / ampun diwahgèli / gêdhene pènsiyun //

kathah kônca sami brêbês mili / èstu botên guyon / awit sabên sampun pol dhinêse / kados botên kenging dipalangi / enggal-enggal mêsthi / nuli dipènsiyun //

kula sangêt andhèrèk mêmuji / mugi sampun ngantos / dipun wahgèl pènsiyun samangke / kula puji minggah-minggah nuli / tinêbihna saking / sambekalanipun //

Sucitra.

--- 739 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Kawontênan ing Gunungkidul.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 37.

[Dhandhanggula]

wus kawarta caritane manis / yèn ing desa Têmon Têgalrêja / bawah Ponjong ondêrane / Mangunkaeran iku / praptèng mangkin maksih nyimpêni / pusaka barang kuna / dene wujudipun / siji Layang Jugulmudha / lan karone pusaka kotange gondhil / mundhi warising êmbah //

barang mau tilarane swargi / satriya di trahing Wilatikta / kang nèng Têmon sumarene / dene pêparabipun / Kyai Gusti Sang Sumbêrwilis / sumare Sitiseta / dene wujudipun / kang karan Si Jugulmudha / krêtasira kandêl wus saèmpêr upih / tulise nora cêtha //

kandhane wong kang rada mangrêti / cara Arab tan mawa sandhangan / ana manèh kang ngandhakke / tulisan Buda lugu / wujudira kotange gondhil / wêruhe warna-warna / seje gone dulu / jare lorèk corakira / manèh wêruh jare nganggo tlênik-tlênik / gilap nanging wus tuwa //

barang loro bangêt pinapundhi / wus sinimpên anèng ing suhunan / winadhahan jroning bèsèk / dene ta mokalipun / kang kanggonan pusaka gondhil / omahe cara kuna / wis rong atus taun / malah kapara luwiha / duk nalika kêplayune kyai gusti / Majapait samana //

nganti siki durung didandani / bola-bali mung nyalini atap / alang-alang kang ginawe / dene omahe mau / oyod ngungas minôngka tali / saprene isih rosa / pêngêrête kukuh / dhuwure mung saranggehan / sakabèhing balungan wus katon langking / saking wus tuwa tênan //

wong ing kono kabèh ngaji-aji / nora wani yèn ta angrèmèhna / wêdi walad pusakane / bèsèk lamun binandul / lan gêdhene wani nglingkabi / ing kitab Jugulmudha / kono banjur tuwuh / kèh prakara jroning desa / kang wêkasan kadadyane nora bêcik / nuwuhke kasusahan //

kang kanggonan layang lawan gondhil / lamun dudu waris nora kuwat / nadyan waris pilih wonge / Sanawôngsa kang sêpuh / lampu ngalih nêng gunung Krambil / jalaran nora kuwat / kanggonan Si Jugul / wus tau kala samana / katatalan pusaka binoyong dening / waris mring desa Kajar //

anèng kono gung pinundhi-pundhi / kang kanggonan banjur salah cipta / tansah ngêgungkên kibire / wusana malah koclug / mula banjur sinimpên trêtib / dening Mangunkaeran / nèng dhuwur kêpundhung / iyèku omahing rayap / lan gêdhene kira sadhêpa pêsagi / dhuwure sapuyuhan //

anèng sênthong amojok ngêbaki / ing dhuwure iku pasimpênan / Jugul myang kotang gondhile / sinimpên mèpèt usuk / dene Mangunkaeran kuwi / anèh kok durung wikan / marang wujudipun / Jugulmudha lawan kotang / wit karone binuntêl ing mori putih / tan wani nguculana //

kasiyate kotang gondhil kuwi / miwah layangira Jugulmudha / kêna sinuwun sawabe / slamêt miwah rahayu / lan nyawabi panggawe bêcik /

--- 740 ---

nanging lamun sumêngka / atine têkabur / sumongah kibir jubriya / Jugulmudha lan gondhil nora brêkahi / malah dadi wisuna //

nunggal desa caritane salin / ing sajrone kalurahan Bala / uga Têgalrêja rane / anama kamisuwur / pasareaning kang suwargi / kêtêlah Kyai Krapyak / dene asma lugu / Kyai Singasari kondhang / satriya di trahing nata Majapait / subrata mati raga //

karamate wus kawartèng têbih / kèh pra mudha kang samya dêdagan / nyuwun wulêding kulite / miwah atosing balung / datan pasah tilasing kikir / lawan sisaning grenda / dimèn têguh timbul / sing sawabe Kyai Krapyak / ana uga kang kabul dènnya nênêpi / banjur karan kêdhotan //

sacêdhake pasarean kuwi / ana kêdhung karan kêdhung Sruwa / biyèn kanggo panètère / kèh pra mudha padhambyur / maring kêdhung agênti-gênti / trus silêm anèng dhasar / kang dhingin mancungul / sigra jinojoh ing tumbak / kang kinarya dêling-dêling dèn lancipi / prandene tan rinasa //

yèn jinojoh maksih krasa sakit / yèku tôndha yèn durung katrima / malah bocah angon bae / padha kawilang punjul / ana manèh carita nêmpil / cêdhaking pasarean / Kyai Krapyak iku / makame Tumênggung Mayang / anèng desa Blarangan mungsuhe jurit / Tumênggung Wiraguna //

Ki Tumênggung Wiraguna swargi / wus sumare anèng Balatêngah / ing Têgalrêja lurahe / samêngko salin dhusun / ana crita gotèking ngardi / desane Grêpèng kocap / ing dêngok sêmanu / wingite kaliwat-liwat / paribasan jalma mara jalma mati / lan sato mara lena //

kaanane kono angkêr yêkti / saliyane wong kono tan kuwat / kanggonan barang kayune / apêse lara gêmblung / caritane wong kono kuwi / patilasaning nata / Brawijaya Prabu / duk linggar sing Wilatikta / kawon bantah kalawan Susunan Kali / nèng desa Srêpèng musna //

Srêpèng kono sabên wong ngarani / angsrêpe Sang Prabu Brawijaya / mangkya tinêngêr cungkupe / samêngko salin wuwus / desa Cabe pinggir jaladri / Pucung klurahanira / Rongkob ondêripun / ana pasarean juga / nèng pucaking gunung katon mingklik-mingklik / tur nèng têpi samodra //

[Grafik]

Têtiyang dalah pirantosipun ngundhuh sarang burung.

pasarean kono maksih wingit / akèh bae kang sowan jiyarah / wau ta ingkang sumare / kasuwur Kyai Jênu / Jakasura jatining wangi / putrane Êmpu Supa / ing kono rumuhun / akèh tilarane wilah / wêsi aji ujare kapêndhêm siti / samêngko salin kôndha //

bawah Rongkop manèh kang winarni / kalurahan Thilêng wus kawêntar / kono ana pamêtune / kang aran sarang burung / iya susuh sêndawa paksi / manggon pinggir samodra / nèng lêlêmpèngipun / ngundhuhe bangêt rêkasa / lan slametan nganggo milih dina bêcik / prasasat êtoh [ê...]

--- 741 ---

[...toh] nyawa //

pirantine akèh amêpaki / angon môngsa lan tangguhing ombak / lamun wus nêngah alune / banjur padha tumurun / angupaya susuhing paksi / iku kêna diolah / cinampur lan bubur / kanggo pikuwating badan / nadyan pikun yèn jamu susuhing paksi / ngadat kuwat lan waras //

[Grafik]

Wujuding sarang burung.

caritane samêngko ginanti / kang katêlah karan Kyai Umpak / Bôndhan Surati jatine / putrane nata Prabu / Brawijaya ing Majapait / nalika anèng desa / Karangasêm dhaup / ondêre mèlu Paliyan / krama putri Kyai Guwacaka nênggih / wus patutan satunggal //

nora tutug ingêmong ing wibi / wus sumare anèng pinggir desa / Karangasêm makamane / kono ana kang tunggu / ula naga kang marabumi / ing mangkya tan katingal / tan katon maujud / nanging piandêling kathah / naga mau kadhangkala nyasmitani / sarana swara ngakak //

lamun ana swara ngakak kuwi / bakal ana sabab apa-apa / desa Karangasêm kuwe / alas pajatèn agung / biyèn mula misuwur wingit / tan ana jalma kuwat / kang kanggonan kayu / wêton Karangasêm ngalas / praptèng mangke walate pan maksih mandi / sapa wani sêmbrana //

wanuh wani nganggo kayu jati / sanadyana mung cagak sajuga / ing Karangasêm wijile / aja takon dosamu / luput gêmblung ya pijêr gêring / cinêkak nandhang papa / marga alas iku / kagungan dalêm sri nata / nora nana jalma kang wani ngrusuhi / wêdi walating nata //

Ing sajrone têngah alas jati / ana pasareane suwarga / Kyai Guwacaka kuwe / kaprênah marasêpuh / lawan Risang Bôndhan Surati / dene Surati putra / kang sumare mau / ing sandhinge pasarean / ana wite wungu pêpêthane apik / gawe gumun kang mulat //

sajak ana wonge sila mlipis / angubêngi wungu têmu gêlang / ngungkurke wit jèjèr-jèjèr / nanging mung pêthan dhêngkul / lan dhèk biyèn ana wit jati / tinêgor jroning wrêksa / kono isi balung / dawane ana sacêngkang / balung mau kagawa mring Wanasari / jare katur nagara //

jati gêndruk saprene pan maksih / urip cêdhak lan pasareannya / Bôndhan Surati putrane / ing alas kono iku / mapan ora kêna yèn kibir / biyèn wus tau ana / nara wrêksa sêngguh / napsir kuli kang angangkat / kayu jati kuwat dèn angkat ing kuli / wong patang puluh lima //

wus kabanjur nara wrêksa kibir / saking gênging kayu nora kangkat / nganti padha mênggèh-mênggèh / ambêgane angangsur / nuli ana sasmitèng gaib / têtela panampinya / sasmita tinurut / nuli ngundang waranggana / kinèn nitih anèng dhuwur kayu jati / sinambi sêsindhènan // Badhe kasambêtan.

K. 5587.

--- 742 ---

Cariyos kina

Babad Panaraga

Kacariyos nalika taksih jumênêngipun Sang Prabu Brawijaya Nata Majapait ingkang kaping V, ingkang jumênêng senapati putra asma Radèn Katong, sêsilih nama Radèn Lêmbu Kanigara, taksih ambawahakên satanah Jawi.

[Grafik]

Museum Majapait ing Surabaya.

Kala samantên Radèn Patah sêsilih nama Panêmbahan Jimbun sampun amiwiti mêncarakên agami Islam wontên ing tanah Jawi, jumênêng Nata ing Dêmak. Dene ing Madiun wontên pangagêng asma Kangjêng Pangeran Dêmang Irawan II kalêrês buyut saking Sang Prabu Brawijaya Nata Majapait ingkang kaping III, jumênêng ratu wontên ing Gêlang, ingkang sapunika ondêr dhistrik Dêlapa, dhistrik Utêran nagari Madiun. Dene agaminipun taksih Buda. Kagungan rerehan sêsêpuh apangkat dêmang, dêdunung ing dhusun Kutu. Sapunika wêwêngkon dhistrik Tamansari, Arjawinangun, nagari Panaraga. Agaminipun ugi taksih Buda.

Ing wêkdal satunggiling dintên Sang Prabu Brawijaya kagungan karsa ngawontênakên pakêmpalan agêng, nimbali sadaya para ratu tuwin para pangagêng ingkang kabawah dening nata Majapait sami katimbalan ing ngarsa dalêm. Sasampunipun sami sowan sarta sang prabu sampun lênggah, wusana wontên satunggal karerehan ingkang botên sowan ing ngarsa dalêm, inggih punika Kyai Dêmang Kutu.

Makatên wau andadosakên dukanipun sang prabu. Pramila sasampunipun cêkap pangandika dalêm dhatêng para priyantun ingkang sami sowan sang prabu lajêng utusan putra kakung Radèn Katong senapati Majapait, mawi dipun paringi kanthi Kyai Tumênggung Selaaji ugi sêsilih nama Pakisaji andikakakên nimbali kyai dêmang ing dhusun Kutu supados enggal sowan ing ngarsa dalêm ratu Majapait. Sacêkaping dhawuh Radèn Katong matur sandika lajêng nyuwun pamit têrus bidhal kadhèrèkakên Kyai Tumênggung Selaaji. Ing margi botên kacariyos.

Tindakipun Radèn Katong mawi sowan ing kangbok ayu Radèn Ayu Andayaningrat Adipati Pêngging, (Pajang).

--- 743 ---

Sowanipun Radèn Katong wontên ing Pêngging katampi kanthi suka sukur ing panggalih saha manjurung pangayubagya sacêkapipun. Wasana ingkang bokayu apratela sabidhalipun saking Pêngging supados sowan ing ngarsanipun raka Radèn Patah sultan ing Dêmak.

Radèn Katong matur sandika, nyuwun pamit lajêng bidhal. Sarawuhipun Radèn Katong wontên ing Dêmak enggal sowan ing ngarsanipun raka kangjêng sultan ing Dêmak. Radèn Katong ngaturakên kasugêngan katampi kalayan suka rênaning panggalih. Tumuntên ngaturakên ingkang dados maksudipun (sêdyanipun) mundhi dhawuh pangandikanipun ingkang rama. Botên sanès raka amung manjurung kawilujêngan saha paring sumêrêp manawi Kyai Dêmang Kutu ambalela sampun ngantos angrumiyini tanduk. Radèn Katong matur sandika nyuwun pamit lajêng bidhal. Tindakipun Radèn Katong kadhèrèkakên Kyai Tumênggung Selaaji anasak wana anjajah padhukuhan saking Dêmak mangidul. Sarêng tindakipun dumugi sacêlakipun kitha Gêduwang, wontên ing ngriku Radèn Katong lajêng mènèk kajêng agêng prêlu kagêm anglawang, mriksani ing pundi prênah padununganipun Kyai Dêmang Kutu. Sarêng katingal taksih têbih, Radèn Katong lajêng mandhap saking kajêng wau têrus tindak mangidul ngetan. Panggenanipun wit ingkang dipun pènèk Radèn Katong punika ngantos sapriki kanamakakên dhusun Jatilawang.

Sarêng tindakipun Radèn Katong dumugi ing dhusun Kutu pêpanggihan kalihan kyai dêmang. Sasampunipun bage-binage Radèn Katong lajêng andhawuhakên timbalan dalêm sang prabu, pangandikanipun: sapunika ugi jêngandika katimbalan dhatêng karaton Majapait. Atur wangsulanipun kyai dêmang: kula botên badhe sowan dhatêng Majapait. Katranganipun kyai dêmang ing dhusun Kutu ambalela botên purun sowan ing Sang Prabu Brawijaya. Pramila Radèn Katong lajêng pamit ngaso kalihan anggalih. Wusana Radèn Katong [Ka...]

--- 744 ---

[...tong] lajêng kondur dhatêng Majapait sarta ngaturi priksa dhumatêng ingkang rama Prabu Brawijaya, bilih kyai dêmang dhusun Kutu nêdya mêngkêr saking dhawuh dalêm botên purun têluk dhumatêng Majapait.

Sasampunipun cêkap aturing utusan sang prabu lajêng ngandika, mênawi kyai dêmang Kutu bôngga, supados dipun rampungi pisan. Sasampunipun utusan nyuwun pamit lajêng têrus bidhal, ing margi botên kacariyos.

Radèn Katong sadumuginipun Kutu lajêng tata bêbantahan abên kasêktèn kalihan kyai dêmang. Kyai dêmang mundhut kajêng kadhawahakên ing siti lajêng dados sawêr ingkang badhe nyokot Radèn Katong. Radèn Katong mêndhêt kudhungipun kabucal dados pêksi wulung lajêng anggondhol sawêr wau. Wasana lajêng abên lêsung ing awang-awang, andadosakên ramenipun, ingkang makatên punika ngantos kalampahan pêpêrangan rambah kaping kalih. Kala samantên Radèn Katong tansah kasoran yudanipun. Pramila sarêng kraos sayah Radèn Katong lajêng pamit mundhur saking pêpêrangan. Ing ngriku sangêt ing prihatosipun kalihan tindak mangalèr nêdya nêntrêmakên sarira tuwin panggalihipun.

Kacariyos nalika wangsulipun Radèn Katong saking payudan ing sarèhning midhangêt bilih kyai dêmang Kutu punika anggadhahi pusaka warni dhuwung nama Kyai Jabardas ingkang kaloka mênggah ampuhipun tuwin dayanipun manawi pinuju pêrang rukêt kyai dêmang sagêd ngical botên kantênan, dene papan padununganipun katingal kados sagantên amulak-mulak. Ingkang makatên punika Radèn Katong dhawuh dhatêng abdi èstri, andikakakên ngupados titikan tuwin rekadaya murih sagêdipun kalampahan pusaka wau pisah kalihan kyai dêmang.

Sasampunipun dhawuh dhatêng abdi èstri sacêkapipun, Radèn Katong anglajêngakên tindakipun. Dene abdi èstri ingkang rumaos nampi dhawuhing bêndara sakalangkung ngrêdatos ing manahipun sagêda kalampahan ingkang dados karsaning bêndara.

Jumhuri.

Pawartos Saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 2725.

Prakawis panjênêngan punika prayogi kasuwunakên pitulungan dhatêng asistèn wadana, wadana utawi minggahipun malih dhatêng bupati ingkang ambawahakên ing ngriku. Poma sampun nêdha tulung dhatêng tiyang sanès rumiyin.

Wara-wara

Ngaturi uninga dhatêng sanggyaning para prayantun lêngganan, bilih sawatawis dintên êngkas administrasi badhe ngintunakên blangko pos wisêl dhatêng para lêngganan, ingkang babarpisan dèrèng kagungan pêmbayaran tumrap kuwartal III ing ngajêng punika, (Juli, Ogustus, Sèptèmbêr).

Amurih sampun kacuwan ing galih, dene jugag anggènipun sami maos cariyos: Tarsan, jalaran kêtêlasan utawi dipun sêtop, mugi para ingkang nampi kintunan wau, lajêng kêparêng anggalih sarta ngintunakên arta lêngganan, ing saprêlunipun.

Administrasi.

Sarèhning Petruk taksih salêbêtipun kesahan, wêdalipun Kajawèn ing dintên punika Petruk botên ngêdali.

Red.

--- 745 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKI.

Usulipun Tuwan Sutarjo bab W.C. Tuwan Sutarjo Gedelegeerde Raad Kawula, pitakèn dhatêng Directeur Verkeer en Waterstaat ing Bandung ing bab anggèning S.S. ambedakakên W.C. tumrap bangsa Eropa tuwin tiyang siti, beda kalihan karcis, tiyang botên klèntu, sanadyan tiyang siti manawi tumbas karcis klas 1 inggih manggèn ing klas 1, prayoginipun supados ungêl-ungêlan wau dipun ewahi miturut klas. Bab punika Directeur V.W. sampun mangsuli sapêrlunipun, saha sampun dhawuh ngewahi ungêl-ungêlan Europeanen tuwin Inlanders, ing saprayoginipun.

[Grafik]

Pabrik ban Goodyear. Nalika dintên Jumuwah tanggal 7 wulan punika, pabrik ban Goodyear ing Bogor sampun kabikak kangge umum, kacêtha gambar nginggil punika Mr. P.W. Litchfield, president-directeur pabrik wau nuju mêdhar sabda wontên sangajênging têtiyang kathah.

Asiling ulam gramèh. Pakêmpalan Among Kridho ing Watês, sampun nate nindakakên ngingah ulam tambra, nanging botên mikantuki. Ing salajêngipun ngingah ulam gramèh. Dumuginipun sapunika sampun katingal wohipun, ing sabên wulan sagêd nyade 1000 iji, satunggal rêgi 25 sèn. Ing bab punika anjalari majênging sêdyanipun têtiyang badhe ngingah gramèh.

Pakêmpalan Ngapusi Kêtandhan. Ing griyanipun satunggiling tiyang dhusun ing Karangsari, Cirêbon, dipun gropyok dening wêdana Plumbon, sagêd nyêpêng bangsa Tionghoa asli saking Krawang, kanggenan barang warni pistol pêtêng satunggal, kêrtas mark rêgi 1000 tigang lêmbar, sêrat pèngêtan satunggiling pakêmpalan ngapusi. Kajawi punika lajêng nyêpêng tiyang siti 6. Bangsa Tionghoa wau satunggiling pangajêng pakêmpalan ngapusi, ingkang anggadhahi pang ing pintên-pintên panggenan ing Priyangan. Tindakipun ngupadosi sarana reka sade arta mark, kacariyosakên pajêng utawi mindhak rêginipun. Sampun wontên tiyang ingkang kapusan ngantos f 400.-.

Pasakitan andadak sakit ewah. Pangadilan Landraad ing Bêtawi mêntas mriksa prakawisipun pasakitan nama Maderun, kadakwa mêjahi tiyang. Pasakitan wau nalika kapriksa lajêng andadak sakir ewah, ungêlipun lajêng botên kantên-kantênan, malah gadhah tindak kados ngancam dhatêng pangarsa Landraad. Pangarsa lajêng dhawuh supados dipun undurakên. Sarêng pasakitan mirêng dhawuh makatên wau lajêng dados kranjingan, pasakitan lajêng ngankat upas pulisi dipun obat-abitakên wontên inginggil, wusana dipun andhapakên malih, lajêng kêplok-kêplok. Wêkasanipun pasakitan inggih miturut kairid ing pulisi, mêdal saking papan pangadilan.

Militèr ical. Wontên pawartos, wontên kopral 1, saradhadhu tiyang siti 2 nalika tumindak nganglang dhatêng parêdèn ing Payakumbuh tuwin Bangkinang sampun 7 dintên sami ical, sadaya sami botên sangu têtêdhan nyêkapi. Salajêngipun ingkang wajib ambidhalakên militèr sabragada têtindhih kaptin amadosi ingkang sami ical wau, jalaran kuwatos manawi manggih sabab punapa-punapa.

Punggawa post ingkang botên sêtya. Punggawa post ing Surabaya nama K.N.B. kasumêrêpan alampah cidra ambikaki sêrat, têrangipun: Satunggiling dintên punggawa wau nalika mantuk saking padamêlan ambêkta sêrat-sêrat post, wontên ing griya dipun bikaki, ingriku wontên sêrat 3 ingkang isi arta anggangsal rupiyah, sêrat ingkang botên isi arta lajêng kakintunakên. Wusana ing bab punika kasumêrêpan ing pangagêng, sarêng dipun priksa, dangu-dangu ngakên, dene wontênipun purun gadhah tindak makatên jalaran saking blanjanipun botên nyêkapi.

Ngringkês Landskas. Sarêng sampun kalampahan pakaryan post nindakakên damêl babagan Landskas ing bab pajêg, pènsiun tuwin sanès-sanèsipun, ing salajêngipun sawarnining Landskas satanah Jawi badhe katindakakên makatên, kajawi 8 panggenan Landskas ing Bêtawi, batavia-Centrum, Bandung, Sêmarang, Surabaya, Cirêbon tuwin Ngayogya.

Pasar Darmo Kridho-Matoyo. Miturut pawartos, benjing wontên Pasar Darmo Kridho-Matoyo ing Sêmarang badhe sakalangkung rame. Kajawi mawi têtingalan warni-warni, ugi mawi têtandhingan abên krocongan. Kajawi punika ugi angsal pambiyantu saking para among dagang, ingkang wosipun badhe mikantukakên dhatêng Pasar Darmo.

Italie pados kuli saking tanah ngriki. Wontên wartos, Consul praja Italie nyuwun palilah dhatêng parentah, badhe pados kuli tiyang siti pintên-pintên èwu, pêrlu badhe katindakakên ing damêl wontên tanah Somali (Afrika Wetan, sacêlakipun Ethiopie). Panyuwun wau parentah botên marêngakên, awêwaton politik ingkang sampun tumindak 20 taun, inggih punika parentah botên ngidèni dhatêng sintêna kemawon tumrap pados kuli kangge jajahan sanès, kajawi tumrap nagari sanès ingkang rumiyin sampun pados, kados ta Malaka, Borneo Lèr jajahan Inggris tuwin Nieuw Calidonie.

--- 746 ---

Bikak padamêlan. Kawartosakên, Gedeputeerden Jawi Kilèn angêsahi rêmbag wêdaling arta f 114.000.-, pêrlu badhe kangge nglajêngakên panggaraping ilèn-ilèn toya ing Cigangsa, Sukabumi. Tindak wau saèstu badhe mikantuki tumrap para golongan angguran, awit wontên nama bikakan padamêlan enggal.

Bêtawi - Surabaya mêdal gêgana. Gêgayutan kalihan anggèning Knilm tumbas motor mabur Douglas, Knilm gadhah sêdya badhe nêtêpakên lampah anggêgana saking Bêtawi dhatêng Surabaya namung ngangge motor mabur satunggal, motoripun mabur badhe kadèkèk ing Surabaya. Pangkatipun saking Surabaya jam 7 enjing, dumugi Bêtawi jam 10, wangsul dhatêng Surabaya jam 11, dumugi Surabaya jam 2. Lampah punika badhe tumindak benjing wulan Agustus.

Lulus saking pamulangan têngahan ing Bêtawi. A.M.S. afd. B: R. Affandi Sutista Hamijaya, Abdullah, Amir Hasan, Auw Hoat Kie. A.M.S. Salemba afd. B: Achmad, Lie Bang Hwie, Sudarto, Y. Lumenta, Sukarjo, D. Jayanêgara (èstri), Liem Mo Soey, Pouw Boen Giok, Kwa Soen Khoan, Ouw Tek Po, Sugardo.

Bataviaasch Lyceum: A. Wijayakusumah, R.A.T. Suryo (èstri), R.A.P. Sriningdinah.

Lulus saking pamulangan têngahan ing Ngayogya. A.M.S. afd. B: Amir Hamzah, R. Iman Suyudi, Panangaran Siregar, Mohammad Rakanadalyan, Santosa II, R. Sukarjo, R. Sumardan, Supraptomo. A.M.S. afd. A: M. Arismunandar, Lopiah Kusuma, B.R.A. Partinah, Rachmad, R. Sarjono, Sumarno, Waban, R. Wiyatmo.

Post badhe nindakakên pangiridan. Miturut pawartos, ing sapunika P.T.T. badhe ngrancang nyuda punggawa ingkang pangkat agêng-agêng tuwin nyuda blanjanipun punggawa sanès-sanèsipun. Tumindakipun badhe ngringkês golongan-golongan agêng wau tumrap ingkang blanja f 1200.-, kasuda f 200.-.

Panggêsangan ingkang mikantuki dhatêng têtiyang dhusun. Ing mangsa punika griya panyadean jampi J. van Gorkom ing Ngayogya, purun numbasi godhong rumujung, sêmbung, saga tuwin sanès-sanèsipun kalayan rêgi pantês.

Ebah-ebahan enggal golongan bêrah. Awit saking tindakipun Tuwan S. Alhakim ing Sêmarang, sampun sagêd ngêdêgakên ebah-ebahan enggal golongan bêrah nama (S)arekat (P)enolong (O)emoem afd. Kaum Buruh, kathah golongan-golongan ingkang tumut nunggil, kados ta punggawa bata, obat nyamuk, kuli Gemeente, pangêcapan, letter-zetter Locomotief, golongan tani ing dhusun Mranggèn. Pakêmpalan wau anggayut dhatêng pakêmpalan sanès-sanèsipun, saha sampun ngaturi sêrat dhatêng Tuwan Prawoto, warga Raad Kawula, supados nyêgah kajênging sudagar panggilingan uwos.

Kamirahanipun N.I.S. Kala ing Sêmarang wontên têtandhingan bal ngrêbat kampiun P.S.I.I. satanah ngriki sadaya, N.I.S. ngandhapakên prabeya tumrap sabên tiyang 10 ingkang numpak sêsarêngan ing saindêngipun sêpur N.I.S. ingkang tumuju dhatêng panggenan wau. Sêpur-sêpur wau upaminipun saking Ngayogya, Klathèn, Surakarta, têrus Sêmarang. Ambarawa, Magêlang ingkang dhatêng Sêmarang. Surabaya Pasar Turi ugi ingkang dhatêng Sêmarang.

Sinatriya kêbuka. Wontên pawartos, ing wêkdal punika Bandara Kangjêng Pangeran Haryomantaram ing Surakarta, kêbuka ing panggalih sagêd anjampèni têtiyang sakit, ingkang tumindakipun kanthi adhêdhasar kawêningan. Miturut pawartos, têtiyang ingkang sampun kêtatalan sagêd waluya anggènipun jêjampi sampun kathah.

Juru apus ingkang julig. Ing dhusun Grajagan, onder distrik Cawas, Klathèn, wontên tiyang nama Kartodiharjo, ngrêmbagi dhatêng tiyang nama Harjosuparto, supados tumbas pamêdaling pantun 338 bau ing kabudidayan Karangmaja rêgi f 6000.-, kabayara f 3900,- rumiyin. Kalampahan Harjosuparto ambayar f 3900.-, pêthuk panampining arta dipun tandha tangani dening Kartodiharjo, amargi ingkang ngrêmbagakên kalihan kabudidayan Kartodiharjo, malah nalika bayaran dipun saksèni wêdana. Bab punika Harjosuparto namung pitados. Wusana dumugi titimangsanipun panèn, nalika Harjosuparto badhe ngênèni botên kasêmbadan, amargi tuwan kabudidayan cariyos manawi panumbasipun botên saèstu, arta sampun katêdha wangsul dening Kartodiharjo. Salajêngipun dados prakawis.

Pêpajêngan bagor ing Kulonprogo. Miturut pawartos, pêpajênganing bagor ing Kulonprogo ing salêbêting 9 wulan sampun wontên f 1500.-.

Guru dados lintah dharat. Pangadilan Landraad ing Ngayogya mêntas nindakakên papriksan prakawis apisambut. Ingkang dados juru potang guru pamulangan, ingkang nyambut punggawa S.S., kathahing sambutan f 250.-, mangsulakên dados f 325.-. Tuwuhing gigat wau jalaran ingkang nyambut sawêg ambayar sapisan f 35.- lajêng botên ambayar malih, nanging dakwa ngakên sampun ambayar langkung samantên. Bab makatên wau lajêng nuwuhakên pangudaraos ing bab tindaking guru ingkang kados makatên punika.

Tampi darma mêsin kangge andondomi bagor. Panggaotan damêl bagor ing Kulonprogo saya dangu saya katingal majêng. Dèrèng dangu ingkang dados pangajênging panggaortan wau tampi darma mêsin kangge andondomi bagor saking Internatio ing Surabaya.

Wêlut dados padagangan. Awit saking tumindaking damêl sêsêpuhing commissie ngingah ulam ing Kulonprogo, apratela bilih ulam wêlut punika ugi pajêng kasade. Malah ing Brosot sampun wontên ingkang gadhah lêngganan bangsa Jêpan ing Sêmarang. Wêlut ingkang agêngipun sadriji pajêng 10 sèn.

Nglalu wontên ing pakunjaran. Kawartosakên, Tuwan R.v.E. ingkang kadakwa malsu zegel dagang ing Sêmarang, saha sampun nglampahi ukum kunjara wontên ing Sêmarang, pinanggih pêjah anglalu sarana nguntal pil tilêm. Anggèning angsal pil wau saking anggènipun nglêmpakakên satunggal-satunggal, sampun dangu.

Tamu bangsa Jêpan ing Mênado. Wontên pawartos, benjing wêkasanipun wulan punika, badhe wontên tamu warga parlement Jêpan cacah 20 dhatêng ing Mênado, numpak kapal Palao Maru.

ASIA.

Lindhu ing tanah Indhu. Miturut pawartos ingkang kantun, wontênipun têtiyang tiwas ing Quetta ingkang jalaran lindhu kintên-kintên 56.000. Ing salêrêming lindhu, para wadya militèr ingkang têtulung sampun sagêd andhudhuk têtiyang 10.000, ingkang sami kurugan griya. Tandangipun ingkang sami têtulung, jalêr èstri sami botên ajrih bêbaya. Ing Quetta wontên tiyang 7000 ingkang kêtulungan, lajêng dipun papanakên wontên ing ara-ara balapan kapal, dipun damêlakên eyub-eyub.

AFRIKA.

Pasulayan malih. Miturut pawartos, salêbêtipun commissie ngrukunakên pasulayanipun Ethiopia kalihan Italie tumindak ing damêl, ing sacêlakipun lèpèn Uebiscebelli ingkang botên têbih saking Oeal-oeal (watês Ethiopie kalihan jajahan Italie) tuwuh pasulayaning golongan kalih pisan. Sami kathah ingkang tiwas tuwin nandhang tatu.

--- 747 ---

Wêwaosan

Wangsulipun Tarsan

Piridan saking buku karanganipun Tuwan Edgar Rice Burroughs.

20

Saking kori ngriku Tarsan tuwin Abdul dumugi ing papan sisih nglêbêt ingkang ing kala punika pêtêng. Saking papan ngriku wontên undhak-undhakanipun minggah anjog ing kamar-kamaripun juru dhangsah. Ing undhak-undhakan ingkang inggil piyambak, juru dhangsah èstri kasêbut ing ngajêng katingal linggih kamigilan.

Sawêg kemawon Tarsan dumugi papan ing sisih nglêbêt ingkang pêtêng wau saking wingking wontên ingkang mistul, nanging botên ngengingi. Prênahipun ingkang mistul wau wontên ing undhak-undhakan ingkang sisih ngandhap, salajêngipun wontên tiyang kêkalih ingkang rainipun mawi topèng sêsarêngan anêmpuh Tarsan nêdya amrêwasa. Dene Tarsan lajêng amêthukakên mêngsah enggal kalih wau. Sakêdhap kemawon mêngsah ingkang satunggal sampun kenging karêbat dêdamêlipun saha lajêng bêngok-bêngok kasakitan dening tugêl tanganipun. Mêngsah satunggalipun ing kala punika nêdya namakakên pistulipun kaarahakên sirahipun Abdul, nanging dumadakan pistulipun malêmpêm botên sagêd mungêl. Lan ing sanalika Abdul sagêd malês namakakên ladingipun suduk angèngingi mêngsahipun, ingkang lajêng anjêngkelang dhawah ing siti.

Têtiyang Arab ingkang kathah wau, sadaya sami muntab manahipun saha lajêng sêsarêngan lumêbêt ing papan dunungipun Tarsan saha nêdya amasesa. Kamar-kamaripun para juru dhangsah, ingkang taksih murub dilahipun, lajêng wontên satunggal ingkang ngatag kônca-kancanipun supados dilahipun wau sami dipun pêjahana. Dene ingkang kêpadhangan ing dilah ingkang namung rêmêng-rêmêng kemawon, ngêmungakên ing kori ingkang kangge pôncakara wau. ing kala punika Tarsan mêndhêt kalewangipun tiyang Arab ingkang dipun suduk dening Abdul wau saha lajêng ngêntosi panêmpuhing mêngsahipun.

Salêbêtipun angêntosi panêmpuhing mêngsah, ujug-ujug pundhakipun Tarsan karaos kacêpêng ing tangan ingkang alus, sarta mirêng suwara bisik-bisik makatên: Enggal-enggal, tuwan, mriki kemawon tut wingking kula.

Tarsan lajêng cariyos dhatêng Abdul kanthi lirih-lirih: Ayo, Abdul, padha tut buri nonah iki. Tumraping bêbaya, kana-kene padha bae.

Mênggah ingkang nyêpêng pundhakipun Tarsan wau, inggih punika juru dhangsah pawèstri kasêbut nginggil. Salajêngipun juru dhangsah èstri punika, kaêtutakên dening Tarsan lan Abdul, lampahipun minggah undhak-undhakan ingkang anjog ing korining kamar-kamaripun juru dhangsah wau. Dene lampahipun Tarsan wontên ing sawingkinging juru dhangsah cakêt sangêt. Ingkang punika Tarsan lajêng nyumêrêpi, bilih juru dhangsah wau mangangge sarwa êmas, lan rasukanipun amônca warni, lan ing ngriku Tarsan lajêng mangrêtos bilih juru dhangsah punika satunggiling bôngsa Arab ing tanah Olèdnil. Kajawi punika Tarsan ugi lajêng mangrêtos, bilih inggih lare èstri punika ingkang ambisiki kapurih enggal-enggal nilar papan ngriku.

Sarêng tiyang têtiga wau sampun dumugi ing undhak-undhakan ingkang inggil piyambak, sami mirêng têtiyang mêngsahipun anggèning sami ngupadosi ing papan sisih nglêbêt ingkang pêtêng wau.

Juru dhangsah jajêng bisik-bisik dhatêng Tarsan makatên: Botên dangu malih para tiyang punika têmtu sami ngupadosi panjênêngan dhatêng mriki. Sampun ngantos têtiyang punika sagêd kapanggih panjênêngan wontên ing ngriki, awit sanadyan panjênêngan langkung kiyat, botên wande têmtu sagêd pinêjahan dening têtiyang wau. Mila môngga enggal-enggalan, panjênêngan lajêng malumpata saking jandhelaning kamar kula ngriki, ingkang sagêd anjog dhatêng margi agêng. Sadèrèngipun têtiyang wau sagêd andênangi, bilih panjênêngan kêkalih sampun botên wontên ing griya ngriki, panjênêngan kalihkêkalih. sampun sagêd oncat saking bêbaya ngriki kanthi wilujêng dumugi ing hotèl panjênêngan malih.

Nanging sawêg kemawon juru dhangsah kèndêl anggènipun wicantên, sampun wontên sawatawis mêngsahipun ingkang nututi minggah ing undhak-undhakakan. Ing môngka ing kala samantên tiyang têtiga wau taksih wontên ing undhak-undhakan ingkang nginggil piyambak. Mêngsah ingkang dhatêngipun rumiyin piyambak, dumuginipun ing ngriku lajêng pinapagakên ing kalewang dening Tarsan. Ingkang makatên wau mêngsahipun botên anglêgewa babar pisan, awit ing suwau sumêrêp bilih Tarsan botên ambêkta dêdamêl punapa-punapa.

Kanthi ambêngok tiyang ingkang kataman ing klewangipun Tarsan wau, ambrukipun mangandhap angêbruki kônca-kancanipun ingkang wontên ing wingking. Sarêng para kônca-kancanipun kêbrukan dhawahing tiyang wau, inggih lajêng sami dhawah kêplorot mangandhap sadaya. Dene undhak-undhakan ingkang sampun sêpuh punika, botên kiyat nyanggi tiyang samantên kathahipun, satêmah lajêng ambrol. Kanthi swara ingkang rame sangêt undhak-undhakan wau ambrolipun angêbruki tiyang kathah ingkang taksih sami wontên ing ngandhap. Jalaran saking punika jogan ingkang gêgandengan kalihan undhak-undhakan wau, lajêng kirang kiyat. Ing môngka Tarsan sakancanipun tuwin juru dhangsah èstri wau taksih wontên ing ngriku.

--- 748 ---

Juru dhangsah lajêng wicantên dhatêng Tarsan makatên: Môngga sami lumêbêt ing kamar kula. Têtiyang punika botên wande ing mangke têmtu lajêng mêdal ing undhak-undhakan sanèsipun ingkang sagêd dumugi ing griku, mila sampun ngantos katalompèn, enggal-enggal panjênêngan tumandang.

Sawêg kemawon tiyang têtiga wau lumêbêt ing kamar, Abdul mirêng suwaraning mêngsahipun ingkang sami badhe nyêgat wontên ing margi. Ingkang anjalari sandening sêdyanipun anggèning badhe oncat mêdal ing jandhela wau.

Kanthi prasaja juru dhangsah lajêng wicantên: La inggih sapunika kula sadaya têmtu dumugi ing tiwas.

Tarsan pitakèn: Kenging punapa sampeyan cariyos kula sadaya.

Wangsulanipun: Inggih tuwan. Têtiyang wau botên wande têmtu ugi amêjahi kula. Sabab kula sampun amitulungi dhatêng panjênêngan punika.

Mirêng têtêmbungan ingkang makatên wau, Tarsan kagèt. Jalaran dumugining wêkdal punika namung sênêng kemawon, botên pisan-pisan anggadhahi raos-rumaos, bilih Abdul utawi juru dhangsah pawèstri wau badhe sagêd cilaka, kajawi manawi wontên dêdamêl ingkang kasasar. Pancènipun makatên Tarsan botên gadhah niyat nêdya lumajêng. Ing sarèhning kêpêksa kêdah angayomi wilujêngipun tiyang kêkalih, Tarsan samangke inggih lajêng kêdah abudidayaambudidaya. sagêdipun oncat saking bêbaya ngriku.

Saupami namung ngèngêtana dhatêng badanipun piyambak kemawon, kados botên badhe kawêkèn anggènipun badhe oncat, upaminipun kemawon, piyambakipun lajêng angêjlogi dhatêng golonganing mêngsahipun wau, saha lajêng soroh amuk, kadosdene caranipun singa barong ingkang sampun kêpèpèt katêmpuh ing mêngsahipun, kados-kados Tarsan inggih sagêd wilujêng. Nanging samangke piyambakipun kapêksa kêdah angèngêti dhatêng mitranipun kêkalih punika.

Tarsan angungak ing jandhela ingkang anjog dhatêng margi agêng. Salêbêtipun samênit malih ing ngandhapun ngriku têmtu badhe kêbak mêngsah, ing kala punika ugi sampun kamirêngan suwaraning mêngsahipun ingkang sami minggah ing undhak-undhakan sanès ingkang ugi sagêd dumugi ing ngriku. Tarsan anguk-anguk saking jandhela nanging botên ningali ing margi, sanginggiling jandhela, payoning griya kenging kagayuh ing tanganipun Tarsan. Tarsan lajêng ngundang juru dhangsah èstri wau, saha ugi lajêng amurugi. Ing griku lajêng dipun candhak kaangkat kaumbulakên kasukakakên ing pundhakipun.

Tarsan lajêng wicantên dhatêng Abdul makatên: Êntènana kene dhisik, nganti aku ing mêngko saka ing dhuwur bisa ngranggèh tanganmu. Lan enggal-enggal barang-barang ing kamar kene iki anggonên magol lawang, prêlune supaya wong-wong mau ora enggal-enggal bisa lumêbu. Sasampunipun wicantên makatên wau, Tarsan kanthi ambêkta pawèstri wontên ing pundhakipun minggah wontên ing jandhela. Saha wicantên dhatêng juru dhangsah, sampeyan cêpêngan ingkang kêncêng. Botên watawis dangu Tarsan botên beda kadosdene caraning kêthèk sampun malumpat dumugi ing payon griya, lare èstri kasèlèhakên, saha lajêng manglung mangandhap undang-undang Abdul kalihan lirih, Abdul inggih dhatêng jandhela.

Tarsan cariyos bisik-bisik: Tanganmu, tanganmu. Dene têtiyang ingkang sami wontên ing jawi sami angobrag-obrag kori sarosanipun, kanthi suwara ingkang rame sangêt korinipun ambrol. Lan ing wêkdal punika ugi, Abdul dipun angkat dening Tarsan kadosdene angangkat barang ingkang ènthèng sangêt, sakêdhap sampun dumugi ing payon griya, minggahipun tiyang têtiga wontên ing payon wau, kalêrês sangêt, awit botên dangu ing kamar ngriku sampun kêbak tiyang. Lan ing ngandhaping jandhela ugi sampun dipun jagi ing tiyang kalih wêlas.

VIII.

Salêbêtipun tiyang têtiga sami andhodhok wontên ing payon sanginggiling kamaripun juru dhangsah wau, kamirêngan suwaraning pisuh ingkang dipun lairakên dening para mêngsahipun ingkang sami wontên ing kamar. Kadhangkala Abdul madulakên punapa ingkang dipun cariyosakên dening mêngsahipun dhatêng Tarsan.

Wicantênipun makatên: Samangke têtiyang ingkang sami wontên ing kamar, mêmisuhi kônca-kancanipun ingkang sami wontên ing margi, dene dipun kintên anyukani margi dhatêng panjênêngan lan kula sadaya. Ingkang wontên ing margi wicantên, bilih kula sadaya botên badhe sagêd oncat, yèn ta mêdala ing ngriku, cariyosipun tiyang ingkang wontên ing margi wau, kula sadaya têmtu taksih wontên ing salêbêting griya, lan andakwa dhatêng têtiyang ingkang wontên ing nginggil, botên wani nêmpuh dhatêng panjênêngan, lajêng ethok-ethok mêmisuhi dhatêng têtiyang ingkang sami wontên ing ngandhap. Kintên kula tuwan, dangu-dangu têtiyang wau sagêd ugi lajêng sami pôncakara piyambak.

Dangu-dangu têtiyang ingkang sami wontên ing salêbêting griya, lajêng sami rumaos cuwa saha lajêng wangsul ngalênthung dhatêng papan ingkang kangge wedangan wau, sawatawis wontên ingkang kantun ing margi, sami udud lan omong-omongan.

Ing kala punika Tarsan anglairakên gênging panarimahipun dhatêng wanita juru dhangsah anggènipun sampun suka pitulungan ngantos sagêd manggih wilujêng.

Kanthi prasaja juru dhangsah amangsuli: Kula rumaos katarik manah kula dhatêng panjênêngan, awit panjênêngan punika têka sanès sangêt kalihan têtiyang jalêr ingkang sami wontên ing papan ngriku. Pangandika panjênêngan dhatêng kula, botên kasar. Anggèn panjênêngan paring prêsèn arta dhatêng kula, inggih botên gadhah suraos angasorakên. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

Ôngka 48, Rê Wa, 17 Mulud Jimakir 1866, 19 Juni 1935, Taun X

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

Sastrajendra Hayuningrat

[Sinom]

Ing marga datan winarna / cinêndhak pan sampun prapti / nênggih nagari Ngalêngka / jumujug ing taman sari / tan ana kang udani / kaparêng sang yaksa prabu / nèng taman Argasoka / kalangênan lan parèstri / kagyat mulat praptane Rêsi Wisrawa //

gupuh-gupuh pamêthuknya / cinandhak astanira ris / kinanthi binêkta lênggah / munggèng singangsana rukmi / yaksendra ngandika ris / dhuh kakang sadulur ingsun / dene ta kamayangan / onêng kawula tan sipi / mring paduka saking lami tan pêpanggya //

punapa sami raharja / ingkang tinilar ing wingking / putra atanapi garwa / Rêsi Wisrawa nauri / inggih sami basuki / yaksendra gumujêng guguk / sarwi nyawang kang raka / dhuh kakang kula mèh pangling / mring paduka busana cara pandhita //

sun sidhêp wiku kewala / praptane tan gawa kanthi / nauri Rêsi Wisrawa / yayi prabu pan sayêkti / gèn paduka mastani / kawula sampun mawiku / putra pun Wisrawana / kang gumantya narapati / nguni yayi prabu lêlana mring arga //

kampir nagri Lokapala / putranta pan maksih alit / samangkya sampun diwasa / sêdhêng mêpêk ing birai / yaksendra duk miyarsi / kang raka rinangkul gapyuk / sarwi gumujêng suka / nora lidok tangguh mami / duk rawuhe sun sawang wangun pandhita //

dene sênêning kang cahya / sumunu wênês awingit / pantês cahyaning ngatapa / beda kalawan duk maksih / ngrèh bala mêngku nagri / inggih kawula jumurung / kakang prabu karsanta / kalangkung saking utami / tilar pura putra kang gumantya nata //

wong tuwa sêdhêng bagawan / dumunung gon ingkang sêpi / mungkul botên kawoworan / pamêlêngirèng sêmèdi / amrih wêkasing pati / mêlanging tyas kawula mung / kênèmên dèrèng môngsa / putranta madêg narpati / inggih pintên umure pun Wisrawana //

dêstun mung kacèk sawarsa / lan arine pun Sukèsi / ginege madêg narendra / wantuning anèm manawi / kirang amot ing budi / sanajan wus tamèng kawruh / adrêng yèn darbe karsa / sukaning tyas dèn tutugi / botên sagêd ngêngah kalamun dêduka //

nauri Rêsi Wisrawa / yayi prabu pan sayêkti / saking pangèstu paduka / ing putranta kang pinundhi / adêgipun narpati / tan wontên sangsayanipun / wus wignya monging bala / ulah pangapura titi / botên kirang saking adil palamarta //

dhêdhasar ambêk raharja / botên wit gunggung ing siwi / ngungkuli saking kawula / putranta dêgipun aji / kanan kering samyèring / sagung para ratu-ratu / runtut samya wong mitra / maharsi suka samya sih / denira nom karêm ulah puja môntra //

sinêksi para jawata / adêgipun narapati / binathara Danaraja / bacingah balanirèki / manungsa kang sapalih / sapalih rêksasa diyu / pêpatih punggawanya / pinangkat-pangkat sinami / pan kapara kaarsa bala rêksasa //

sang yaksendra duk miyarsa / mèsêm sarya ngandika ris / sukur yèn pun Wisrawana / sampun wignya ngrèh nagari / among wadya martasih / kawula langkung kapencut / mawiku lir paduka / dèrèng pracaya ing batin / yèn pasraha kaprabon mring pun Prahastha //

sangêt dènnya mudhèng sastra / tan môntraDilanjutkan pada halaman sampul belakang.

--- [749] ---

Ôngka 48, Rê Wa, 17 Mulud Jimakir 1866, 19 Juni 1935, Taun X

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka ing sawingkinging kantor Palis, tilpon nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pêkên Sayuran - Bab Kasarasan - Gêmbili - Kawontênan ing Gunungkidul - Bôngsa Maori - Wawasan Konggrès Perdi - Kabar Warni-warni - Wêwaosan.

Pêkên Sayuran

[Grafik]

Sawangan pêkên sayuran ing nagari Walandi.

--- 750 ---

Bab Kasarasan.

Kadospundi lan ing wêkdal punapa kula tiyang limrah kenging utawi sagêd têtulung dhatêng tiyang ingkang kataman sêsakit.

Para dhoktêr ing Eropah utawi dhoktêr ing kitha agêng têmtu botên condhong, malah angawisi tiyang limrah têtulung dhatêng tiyang ingkang sakit, amargi têtiyang wau sanès dhoktêr utawi botên sinau bab kadhoktêran, dados botên sagêd mriksa lan nêtêpakên sêsakitipun, malah anjalari lêpat utawi kalintu anggènipun mriksa utawi nêtêpakên sêsakit, andadosakên kapitunanipun tiyang ingkang sakit lan adamêl kuciwaning kadhoktêran, awit sajatosipun dhoktêr ingkang pintêr utawi jodho yèn anjampèni, punika botên sagênsagêd. dipun wakili, inggih botên kenging dipun lintoni.

Sabab-sabab ingkang kasêbut ing nginggil pancèn kasinggihan tumraping nagari agêng utawi kitha ingkang rêja, ananging tumrapipun kitha alit utawi dhistrik-dhistrik umumipun ing padhusunan, ingkang têtiyangipun taksih cotho ing bab sêsêrêpan, manawi dipun petang, bokmanawi taksih yutan tiyang ingkang botên katulungan dening dhoktêr. Mênggah jalaranipun:

1. Têtiyang wau botên sagêd ambayar dhoktêr utawi botên sagêd ngawontênakên dhoktêr, awit dhoktêr punika aosipun agêng, inggih punika pasinaonipun lami, ragadipun kathah, sanajan nagari ingkang paring waragadipun, prabot dhoktêr lan sapanunggilanipun inggih kathah pangaosipun.

2. Taksih kêkirangan dhoktêr ingkang sagêd nyêkapi dhatêng kabêtahanipun têtiyang ingkang yutan cacahipun.

3. Kathah dhoktêr ingkang botên purun manggèn ing kitha alit utawi ing dhusun amargi kirang pamêdalipun.

Ing Indhiya Inggris, cacahipun dhoktêr wontên 20.000, ingkang kathah manggèn ing kitha agêng, ing Bombai 2000, Kalkotah 1600, sanèsipun sumêbar ing nagari sanès ingkang agêng lan rame. Dados têtiyang ing sajawining kitha lan ing dhusun wau ingkang botên sagêd katulungan dening dhoktêr taksih yutan.

Ing Pilipinah kintên-kintên wontên dhoktêripun 2000, ing kitha Manilah kemawon wontên dhoktêripun 650, sanèsipun sami manggèn ing kitha-kitha sanès utawi ing sacakêtipun kitha-kitha wau.

Môngka Indhiya Inggris tuwin Pilipinah punika ing satanah Asiah kalêbêt panggenan ingkang kaetang kathah dhoktêripun.

Manawi manut tatanan pangrèh praja, kêdah ningali utawi ngetang kawontênanipun jiwa têtiyangipun rumiyin, cacah samantên nêmbe sagêd ngawontênakên kêpala dhusun, kêmpalipun cacah dhusun sêmantên sawêg [sa...]

--- 751 ---

[...wêg] ngawontênakên ondêr dhistrik, salajêngipun ngawontênakên tapalakapala. dhistrik (wêdana) lan bupati.

Dene tatanan pamulangan utawi panjagi kasarasan (kadhoktêran) punika sasampunipun wontên guru lan panggenan pamulangan, nêmbe ngupados murid, makatên ugi bab panjagèn kasarasan ingkang wontên rumiyin dhoktêr lan griya sakit, lajêng ngawontênakên tiyang ingkang sakit.

Kosokwangsulipun wontên kapala dhusun nanging botên wontên tiyangipun tanpa damêl, manawi wontên murid utawi wontên ingkang sakit, nanging botên wontên guru utawi dhoktêr inggih tanpa damêl, awit botên wontên ingkang mulang utawi anjampèni.

Dhoktêr ingkang sampun nate manggèn ing panggenan ingkang sêpên, sarta cakêt ing padhusunan, sagêd nyumêrêpi utawi nyêksèni pigunanipun dhoktêr ing panggenan ngriku lan sagêd mirêng utawi nyumêrêpi kawontênanipun ing dhusun wau, pintên-pintên tiyang ingkang kasusahan jalaran kataman sêsakit ingkang botên enggal aniwasi nanging nusahi, amargi saking adamêl kirang sakecaning badan tuwin nyuda utawi ngèthèrakên pangupajiwa. Môngka upami katulungana utawi kacêgaha sababipun, waragadipun jampi namung 50 sèn sampun nyêkapi kangge nulung tiyang ingkang sakit wau.

Kados ta tiyang ingkang botên sagêd nguyuh, dipun tulung mawi pipa karèt (nelaton utawi katheter) lajêng brol toya sêni sagêd mêdal. Ingkang botên sagêd ambêbucal, dipun pompa mawi jampi glycerin tamtu sagêd mêdal sêsukêripun, sapintên lêganipun ingkang katulungan wau.

Upami botên dipun lêbêti pipa lan botên dipun pompa tiyang wau têmtu tansah kêsakitan angolang-ngoling saha sagêd ambêbayani.

Tiyang èstri ingkang badhe nglairakên bayi, jalaran saking botên kajagi rêsikanipun, sagêd kataman infectie dados ambêbayani. Tiyang sakit wudunên yèn botên kajagi rêsiking tatunipun lajêng nular ing panggenan perangan badan sanès. Korèng ingkang botên dipun rêsiki lan botên dipun jampèni, korèng wau tamtu ambabrak sapiturutipun.

[Grafik]

Têtiyang dhusun nuju suntik cacar.

Kathah sangêt malah bokmanawi sampun waradin ing padhusunan punika têtiyangipun sami kenging sêsakit warni-warni, kados ta korèngên, gudhigên, wudunên, sakit bêntèrtis, sakit pucêt, lumpuh jalaran sakit ingkang botên kêtulungan jampi dhoktêr tuwin sanès-sanèsipun, môngka sêsakit wau ingkang katingal sêsakitipun saha gampil jampinipun. Badhe kasambêtan.

R. Sumadirja, Ind. Arts. Kudus.

--- 752 ---

Bab Tanêman

Gêmbili

Gêmbili punika panunggilanipun uwi sarta kimpul, pramila inggih kêgolong tanêman krowodan. Wontênipun winastan makatên bokmanawi jalaran botên kados pantun utawi jagung, cêkakipun botên kenging kangge sêkul, ewadene inggih botên kenging kalirwakakên, jêr kenging kangge nyamikan.

Gêmbili wau gêsangipun mrambat, pramila rambatanipun kêdah botên kenging kasupèn, awit tanpa punika badhe kirang subur gêsangipun sampun tamtu badhe botên kenging kaajêng-ajêng wohipun.

[Grafik]

Gêmbili jae.

Gêmbili punika katanêm ing kêbon-kêbon utawi ing têgal-têgal. Ingkang kula sumêrêpi sabên anjir 1, ing sakubêngipun wontên 3, 4 uwit, punika katingal dipun prêlokakên. Anjir (rambatan) wau cêkap êpanging kêkajêngan utawi carang sarta ugi kêtrèn ing pagêr-pagêr.

Mênggah rimatan saksat botên wontên, jalaran tuwuhing gêmbili punika ngrumiyini andadosipun sukêt-sukêt utawi rambanan ing dhadhah-dhadhah. Cêkakipun gêmbili sampun ngêlung inggil, sukêt-sukêt sawêg sami thukul, pramila badhe botên angrêridhu tuwuhipun.

Gêmbili makatên jinisipun warni-warni, kados ta:

1. Gêmbili jae, punika awit wujudipun kados jae, inggih punika saêmblèg manak kathah, cawang 3, 4, 5. Sajatosipun botên patos agêng, ananging ragi kêtêngên, jêr kacriyos gêmpi sarta kaduk lêgi, uwit dalah godhongipun katingal sulak jêne.

2. Gêmbili kêmarung, punika sabab anggadhahi êri kêmarung, dumunung ing êpok cakêt uwoh ing siti. Inggih sok dipun namakakên gêmbili tropong, sabab uwohipun mèmpêr tropong. Wontên ingkang ngantos sakempol agêngipun, punika saking dipun kêbiri. Dene ngêbirinipun gampil, inggih punika tatkala andhudhuk dipun êngèh 1, 2 lajêng kaurug malih. ing têmbe [tê...]

--- 753 ---

[...mbe] ngumuripun sataun lajêng kadhudhuk, punika sagêd agêng ngantos sakempol wau. Dados têrangipun manawi dipun taunakên inggih lajêng mindhak agêng. Gêmbili kêmarung punika manawi sae pangrimatipun, jêgongan wau dipun sukani uwuh-uwuh utawi lêmèn, uwohipun andados sagêd 6, 7, 8 utawi langkung. Kônca tani ragi rêmên sabab saking babaripun.

3. Gêmbili têki (gêmbili sompil) punika sabab alit-alit sangêt, ingkang nama babonipun namung sakênthang Walandi, ananging kumriyêg. Kirang kaparsudi, dados wontênipun tuwuh saksat tuwuh kajêngipun piyambak, awit saking kêkantunan ingkang kêtilar lajêng sami tuwuh.

Dene pêncaripun namung saking powèlan ingkang botên eca katêdha, punika ing têmbe sami thikil, ananging mangsanipun thikil ajêg, inggih punika dhawahing môngsa kapat. Pramila gêmbili sapanunggilanipun wau manjing pakêmipun kaum tani, liripun bilih ênthik êmpon-êmpon sami thikil, inggih punika sampun dhumawah môngsa kapat, punika tiyang tani sampun tamtu acêcêblok bangsaning wiji-wiji, kêdhêle, kacang, jagung sapanunggilanipun ing wêkdal punika ingkang prayogi.

Mênggah limrahipun ngolah gêmbili namung kagodhog utawi kaêdang lajêng kangge nyamikan, ananging nyatanipun dipun gêmblong, kagêndhisan mawi gêndhis jawi, dipun santêni kanil lajêng kadhêplok, punika dados gêmblong gêmbili. Dipun lintingi mawi klaras kados tiyang nglintingi sale, kenging karimat sawatawis dangu, dipun agêm pisêgah nyamikan katingal èdi, ananging pangolah makatên wau namung caranipun priyantunan kemawon, manawi sadhèrèk dhusun taksih ajêg namung kaêdang utawi kagodhog.

Sumadi (Pangarasan).

Tanah dalah Têtiyangipun

Kawontênan ing Gunungkidul.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 39.

[Dhandhanggula]

Anglêr bae pangusunge jati / mung wong têlung puluh bisa kangkat / nganti praptèng gon jujuge / nganti saprene têrus / datan ana kang wani kibir / lan sirikane ana / mratah wong sadhusun / nora wani nanggap wayang / wayang klithik yèn tinêrak bilaèni / cêpak witing sangsara //

winuwusa Sang Bôndhan Surati / mungkur saking Karangasêm desa / sigra laju ing lampahe / mring desa Sawar jujug / ing Palihan ondêre dhistrik / papan asri bawera / angadhêpkên laut / pantês papan katêntrêman / anèng kono Sang Bôndhan gya seda bêsmi / kumambang hyang wisesa //

[Maskumambang]

ing saiki nyaritakke desa Nglèri / Playên ondêrira / kono ana dongèng bêcik / saka gotèke wong desa //

ana gunung karane guwa Song Putri / wujude lampengan / guwane tan môntra kèksi / yèn tan [ta...]

--- 754 ---

[...n] sinaranan brata //

mula kono karane guwa Song Putri / biyèn kanggo tapa / putri adi mindha nini / lan dhèk biyèn ana raja //

tan sinêbut jêjuluk lan kraton ngêndi / sang patih wus kontab / Patih Cluring kang wêwangi / kocapa wau sang nata //

tômpa wangsit saka ilapating gaib / kinèn palakrama / lan putri nêdhêng têtèki / nèng madyaning wanawasa //

wus samêkta utusan sri narapati / budhal para wadya / tinindhihan Patih Cluring / ngupadi kusumaning dyah //

analasak wanawasa jurang tritis / lampahe wus tita / pra wadu gyannya ngulati / tan ana bangkit manggiha //

wau para wandawa dutèng narpati / wus kêntèkan boga / angganya lêsah ngalêntrih / dilalah nuli amanggya //

uwong wadon tuwa pikun nini-nini / anèng jroning guwa / priyôngga tan mawa kanthi / sru kagyat dutèng narendra //

atêtanya marang sira nini-nini / bokmanawa pirsa / unggyannya kusuma dewi / gadhangan narpa dayita //

wau nini dahat dènnya mitambuhi / ing ngriki tan ana / dèwi sêsêkaring puri / anane wong nini kawak //

tuwa pikun tur kula ginanjar sakit / tan pantês kumpula / ing lyan tamtu dèn sigèni / wau nini nulya tanya //

punapa ta andika sadaya ngêlih / mangke kula bêthak / prasamya asaur paksi / kados nini wus wuninga //

nini nuli bêthak nanging mung sakêndhil / pra wadu graita / apa ta bisa nyukupi / kancaku sapirang-pirang //

wusing matêng bêthak nuli dèn êlèri / wus kawratan samya / tan ana kurang sawiji / tuwuk dènnya kêmbul boja //

praptèng mangke katêlah ing desa Nglèri / wau kyana patya / lan pra wadya nyuwun pamit / wus budhal madal pasilan //

praptèng praja gya laju sumiwèng aji / pasrah pêjah gêsang / rèh kawula wus tinuding / ngupadi kusumaning dyah //

wus sinasak jroning wana sêpa sêpi / mung panggih wong tuwa / nèng jro guwa nini-nini / nanging karamate nyata //

duk samana gènnya bêthak mung sakêndhil / cêkap kangge têdha / kawula dalêm wadya ji / waradin tur tuwuk samya //

caritane kabèh wus konjuk sang aji / wau ta sang nata / tan samar pasêmon gaib / marang nini nandhang papa //

apan iku kusumaning dyah sajati / sri nata ngandika / enggal balènana patih / boyongên padha sakala //

wus sandika sigra budhal kyana patih / myang pra wadya kuswa / cinêkak lampahing margi / wus panggya lan nini tuwa //

wau patih wus sajarwa marang nini / rèh dinutèng nata / kinèn amboyonga nini / môngka pramèswari nata //

dahat dènnya lênggana sang pindha nini / ki patih ngrêrêpa / wêlasa mring bapa patih / tan wun amba tampi duka //

nulya nini pangandikanira ririh / kula dhèrèk karsa / miturut dhawuh narpati / ning kula darbe paminta //

kyai patih napa sagêd mituruti / ing lampah kawula / botên nêdya nyabrang kali / lan botên purun nênunggang //

nadyan joli lawan tandhu tan kadugi / miwah nitih kapal / nyuwun mopo botên wani / pilaur lumampah dharat //

ginarubyug wau lampahe sang nini / mung dharat kewala / wusana kapêngkok kali / kyai patih nora kilap //

wus sumaguh mring nini tan nyabrang kali / ki patih saksana / angipat gêdibal sikil / dadya wot kanthi sakala //

kahanane maksih wutuh praptèng mangkin / arane wot lêmah [lê...]

--- 755 ---

[...mah] '/ dene banyune kang mili / lir binêndung mulad-mulad //

mula karan desa Muladan saiki / wau nini tuwa / wus nguwot tan nyabrang kali / kocap nèng madyaning marga //

dènnya gêrah sang pindha nini ngranuhi / wus madal usada / sakèh japa sêmbur puji / tan ana ingkang tumama //

wus cinêkak wau nini praptèng lalis / sinarèkkên desa / Sudimara Imagiri / kalurahane Songgrahan //

nora kocap lampahe rêkyana patih / saprene katêlah / karane guwa Sang Putri / cêdhak kono ana sêndhang //

karan sêndhang Kalilara wus kawarti / biyèn kanggo siram / sang putri kang nandhang kanin / samêngko wus salin nama //

karan sêndhang Kalimulya wus dèn êlih / dening sang minulya / Mangunnagara Bupati / bêtèke saka katrima //

kalêksanan panuwune antuk bathi / mêngko salin crita / ingkang cakal bakal bumi / kocap klurahan Plêmbutan //

desa iku bawah Playên ondêr dhistrik / mula ran Plêmbutan / kono kadhatoning dhêmit / pra lêlêmbut arêratyan //

panggêdhene kang tuwa aran Danthathit / Danagung kang mudha / tan ana jalma kang uning / maring wujuding lêlêmbat //

kono siki wus dadi padesan apik / uwong-wonge padha / maju gone among tani / lan bakulan sawatara //

pamêtune gula jawa pancèn gêmpi / wêton ing papringan / sangsaya sing mêtu kuning / êmpuk lêgi gêtas rênyah //

ing Plêmbutan nora nana sumur siji / larang banyu tênan / panjupuke marang bêlik / adoh anèng têngah ngalas //

wus cinoba gawe sumur kono kuwi / tur ginarap tukang / lan nganggo ditirakati / iku kandhane Pak Guna //

duk dhinudhuk olèh sawatara kaki / ananggori sela / kumênclang tan têdhas linggis / wus tugêl linggise tiga //

karênggosan napase si tukang prigi / ngaso sawatara / sinambi bênthung gêmbili / karo angobong pawuhan //

saya suwe pêga bulêg nampêg rai / katon wêwentehan / angaku Kyai Danthathit / gumrênggêng gora sabdanya //

lah ta Guna têka sira wani-wani / agahan angrusak / ambotol payoning panti / yèn kotêruske cilaka //

aku wêruh rumangsamu iku siti / nging sira ngrêtia / kulawargaku ngênggoni / omahku pipit banjêngan //

ta rungokna ipat-ipatku kapati / yèn sira têrusna / karêpmu andhudhuk prigi / sadhiyaa linggis sasra //

nora bakal mêtu banyune sathithik / nanging sira malah / sakulawargamu masthi / sun tumpês kelor palastra //

sajabane Plêmbutan papringan iki / sira kêna yasa / sumur nora sun alangi / jro desa loro tan kêna //

ya ta wau kang lagya bênthung gêmbili / awake wel-welan / bayu kadya dèn lolosi / banjur asrah kaluputan //

lagi wêruh wujude wus angajrihi / dêdêge prakosa / kulit irêng lir minangsi / godhèg wok asimbar jaja //

apamanèh nganggo arêp numpês wani / thik sakulawarga / sambate atobat mêncit / mijil sarwi nglaras driya.

K. 5587.

--- 756 ---

Bôngsa Maori

Ingkang kacêtha ing gambar punika bôngsa Maori èstri. Manawi mirid wujudipun pakulitanipun pêthak kadosdene bôngsa Eropah, nanging manawi mirid sandhang panganggenipun taksih kêgolong andhap darajatipun.

[Grafik]

Mênggah cêthanipun, bôngsa Maori punika satunggiling bôngsa ing tanah Nieuw Zeeland, awujud kapuloan agèng kêkalih, kapetang golonganipun tanah Ostraliyah. Pulo kêkalih wau ingkang lèr awujud tanah parêdèn latu, dene ingkang kidul parêdènipun langkung inggil amawa salju, dados kenging kapetang, bilih ing ngriku punika nagari asrêp.

Mirid kawontênanipun ingkang kados makatên punika, dados inggih sairib kemawon kalihan Ostraliyah. Nanging ing ngriku pasitènipun ragi mênang sae, awit ragi kaduk angsal jawah.

Manawi manut ngèlmu bumi, têtiyangipun siti ing ngriku punika kêgolong bôngsa Malayu, dene pinanggihipun ing sapunika, bôngsa ing ngriku ingkang asli, kenging dipun wastani kantun sakêdhik, dening kêsuk wontênipun bôngsa Inggris ingkang manggèn ing ngriku, saha lajêng kenging dipun wastani dados nagarinipun bôngsa Inggris.

Pasitènipun ing ngriku punika kêgolong loh, tumrap pasitèn ingkang sisih lèr, sampun sairib kemawon kalihan pasitèn ingkang hawanipun bêntèr. Wananipun kêtêl. Sato kewanipun ing ngriku kêgolong botên sapintêna warni-warninipun, kenging dipun wastani sanès bangsaning kewan galak. Nanging sarèhning lajêng sêsrawungan kalihan bôngsa Eropah, inggih lajêng kathah kewan ingkang asli bêktan saking tanah ngamônca. Namung ing bab pêksi ing ngriku langkung èdi-èdi tuwin warni-warni sangêt. Ingkang makatên [ma...]

--- 757 ---

[...katên] punika kenging kangge titikan, bilih ing nagari ngriku punika kawontênanipun nunggil kalihan tanah kanan-keringipun ngriku, inggih punika tanah Papuah. Pêksi-pêksinipun wau bangsaning suwari tuwin jakatuwa.

Jalaran saking pangêsukipun bôngsa ngamônca wau, diwasanipun kawontênaning nagari ngriku lajêng malih, tatacara tuwin agaminipun sami ngênut bôngsa ngamônca wau, saha salajêngipun dados margining ngambah kamajêngan, malah dumuginipun sapunika, bôngsa ing ngriku sampun wontên ingkang dados ministêr punapa.

Têtiyangipun siti ing ngriku kêgolong pangawakan santosa, pakulitanipun kêgolong limrah kados têtiyang tanah ngriki, nanging jalaran saking sêsrawungan wau, pinanggihipun lajêng dados suda lumungsur.

Mênggahing wawatêkan, tumrap têtiyangipun asli, kêgolong tiyang ingkang rêmên pasulayan, rêmên pêjah-pinêjahan, têgêsipun nandhakakên taksih kêdunungan watak têgêlan. Nanging dangu-dangu inggih lajêng ewah dening kenging daya sêsrawungan kalihan bôngsa ngamônca wau.

Wontên ingkang kenging kangge titik malih tumrap golonganing kabangsan tuwin taksih andhaping gêsangipun, nanging punika tumrap têtiyang ingkang pinanggihipun taksih maligi dipun wastani tiyang wanan, inggih punika panganggenipun sarwa rinêngga-rêngga bangsaning wulu pêksi, ngangge kalung gêlang bangsaning ece, nanging mawi mangangge bangsaning kêmul punika namung kangge tôndha, bilih hawanipun ing ngriku asrêp. Têdhanipun baku bôngsa pala kêpêndhêm tuwin ulam loh.

Anggèning tanah ngriku kêjajah bôngsa Inggris, punika kala ing awalipun abad ingkang kaping 19, jalaran saking panjajahipun para juru misaya ulam lodan, sakawit anjujug ing pulo ingkang sisih lèr, salajêngipun lajêng dados jalaran ing ngriku wontên paboyongan. Dangu-dangu sarêng ing ngriku pinanggih saya rame, lajêng wiwit dipun wontênakên tata-paprentahan saking bôngsa Inggris.

Bôngsa ing ngriku punika nalika kêdhatêngan bôngsa ngamônca sakawit inggih nanggulangi, nanging dangu-dangu sarêng tataning praja saya majêng tuwin kathah asil siti ingkang tuwuh saking pangudi, kados ta bab pamêlikan, pambranahan rajakaya, têtanèn tuwin sanès-sanèsipun, punika anjalari kamajênganing tiyang siti, saha ngindhakakên pasrawungan.

Kamajênganipun nagari ing bab babagan padagangan saya dangu saya majêng, wusana malah lajêng dados nagari padagangan ingkang sêsrawungan kalihan pêkên dagang donya, padaganganipun awarni pamêdal siti gandum sapanunggilanipun, tuwin bangsaning daging sapanunggilanipun, botên beda kadosdene pawêdal ing Ostrali.

Têtiyangipun siti ing ngriku ing kalamangsanipun wontên pasamuwan, asring ngatingalakên tatacara utawi nyandhang mangangge kabangsan, malah kala Putra Nata Inggris rawuh ing Nieuw Zeeland, para têtiyang siti ing ngriku sami mahargya dhatêng panjênênganipun sang pangeran, ing ngriku katingal para wanita ingkang sami mangangge kabangsan. Tamtu kemawon sandhang pangangge ingkang kados makatên punika tumraping bôngsa ngamônca kaanggêp dados sawangan ingkang anèh.

--- 758 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk.

Wawasan konggrês Pêrdi.

I

Garèng: Sanadyan lungamu nganti sêpuluh dina lawase, wong kowe bangsaning wong dêlap, mulane aku iya ora prêlu nakokake mungguh ing kaslamêtanamu, awit ora wurung kowe mêsthi bakal mangsuli: rada ora pati slamêt, ing môngka carane wong agama kaya aku kiyi, yèn nakokake kaslamêtane kônca, apamanèh sadulur, nganti diwangsuli mangkono, kuwi wajibku kudu kontan: Tlètèk, awèh apa-apa kang kêna kanggo nambêli kuranging slamête mau, nèk ora mangkono jarene aku: dosa. Jalaran saka iku, minôngka awèh slamêt marang têkamu iki, wajibku sing dak lairake nyang kowe kuwi: ... êndi olèh-olèhe.

Petruk: Kang Garèng, nèk adhimu siji kiyi kaya-kaya iya wis kacêluk nyang ngêndi-êndi, yèn dhêmên sadulur, apadene sanak kadang, nganti paribasane: mangan enak sathithik bae, mêsthi banjur kèlingan marang sanak sadulure. Apamanèh nganti lêlungan mênyang Surakarta sêprana-sêprene lawase, mêsthine iya kogêl bangêt mênyang sêdulure sing mung siji kowe kuwi, kaya ta: kasênênganamu kuwi nganggo barang tênunan, lurik-lurikan, ing Surakarta kana prasaksat ora ana rêgane, saka dening murahe. Sêtagèn ing kana apik-apik bangêt tur iya murah, jarit bathik wèh prasasat tanpa ana ajine. Ing Surakarta kana kowe banjur tak entha-entha: ikête modang cara Sala, klambine lurik dhawuk, jarite latar irêng, sêtagène ijo pupus, wadhuh, ujudmu sa-Jakatingkir têmênan. Mulane, kang Garèng, tumuli ... têbusên salawe rupiyah bae, mêngko tak bêstèlake.

Garèng: Wong kurang ajar, tiwas kene wis bungah, tak arani arêp diolèh-olèhi barang-barang sing dikandhakake mau, jêbul kene dikon nêbus salawe rupiyah. Ora, Truk, kabare nalikane kowe nyang Surakarta kuwi, ing kono kabênêran akèh pakumpulan sing padha nganakake konggrès. Mara dongèngna, Truk.

Petruk: Mula iya nyata, Kang Garèng, kaya ta: pakumpulan Perdi, iya iku pakumpulane para jurnalis bangsane dhewe kiyi, banjur konggrès sing diarani: Nasional ondêrwis, konggrès, mêngkono uga pakumpulane para padpindêr bangsane dhewe, kang diarani: K(epandoean) B(angsa) I(ndonesia) iya nganakake konggrès. Kajaba iku, pakumpulane para punggawa bang iya padha gawe konggrès. Lan konggrès sing patang kumpulan mau, iya padha pênting-pênting kabihan. Mulane aku rumasa gêla bangêt, dene aku kapêksa ora bisa anunggoni konggrès kabèh mau, jalaran kala samono ing Surakarta ... pirang-pirang tongtonan. [tong...]

--- 759 ---

[...tonan.] Mung konggrès Perdi, prasaksat tanpa ana kêndhate anggonku ... mlincur. Sabab, cilaka bangêt, sabên-sabên disusuli dening ... wayang wong ing kêbon raja.

Garèng: Tindakmu sing mangkono mau, kêna diarani: kowe ora nêtêpi kang dadi kuwajibanamu. Awit majikanmu ngangkatake kowe nyang Surakarta sarana: ongêprangkir, têgêse: sarana kowe tanpa cucul sarini-rinia kuwi, têmtune kowe rak dikon nunggoni utawa andêlêng kaanane konggrès-konggrès mau. Ana tibaning ngênggon sing ditêngênake jêbul anggone: main royal-royal nongton wayang wong, plêsir-plêsir thok bae. Hla nèk aku dadi daokene, kowe mêsthi tak tibani ukuman: blanjamu sêsasi tak potong kabèh, lan aku isih anjaluk lanjar: têlêsan kathok salusin. Ana wong dikon dhinês têka banjur main ropyan-ropyan main sênêng-sênêng mangkono.

[Grafik]

Petruk: Lo, nèk rumasaku konggrès utawa bênggandêring kuwi prasaksat wis pagaweanku sabên dina. Mêngkono uga dhebat utawa bantah-bantahan, kuwi mèh ganyanganaku sabên esuk. Anggêre aku arêp lumêbu ing kantor, aku iya mêsthi: dhebat rame dhisik. Kaya ta karêpe Mak Kamprèt arêp gawe jangan loncom, aku jaluk digawèkake osèng-osèng kangkung, iya banjur dhebat rame. Dene bab bênggandêring, kaya ta: arêp jagong, utawa arêp nonton gambar idhup tak bênggandêring dhisik, kira-kirane dhuwit sing arêp ditanjakake kuwi apa arêp gawe rusaking kêndhil apa ora. Hara, jênênge aku rak iya wis kulina ta, nyang bênggandêring-bênggandêringan utawa dhebat-dhebatan kuwi, balik apa sing ditongtonake ana ing Surakarta, hla, kuwi ana ing Batawi kene prasaksat mung ana ing impèn bae. Kaya ta: Wayang wong ing Sriwêdari, sing padha main ana ing kono, kayadene: Arjawugu, Sastradirun, lan isih akèh manèh tunggale, kuwi ana ing Bêtawi krungune mung ana ing plat gramapon, kaya ta Dhandhanggula tlutur sing ditêmbangake dening Arjawugu, banjur lakon Sêmar Barang Jatur, iya plat gramopun manèh, sing main: Sastradirun. Mulane, mumpung ana ing Surakarta, tak nêksèkake wujude wong loro sing wis misuwur jênênge kiyi. Hara, apa ora prêlu tumrape awakku. Banjur tongtonan Jawa sing diarani: [dia...]

--- 760 ---

[...rani:] Sandiwara. Iki aku iya mrêlokake nonton sabab salawase urip apamanèh nganti wêruh, krungu jênênge bae lagi kuwi. Mara, apa ora akèh gunane manèh kanggone wong kaya aku kiyi, banjur, anggonmu ngarani yèn aku nyang Sala mung sênêng-sênêng thok bae, iki iya klèru bangêt, malah kêna diunèkake salawase ana ing Sala aku nandhang prihatin awit tansah pêpisahan karo ... Makne Kamprèt.

Garèng: Wiyah, anggonmu pêpisahan karo Makne Kamprèt kuwi mula kok sêngaja, kuwatir yèn ana ing kanane banjur ngêngribêti awakmu bae. Wis, Truk, saiki caritakna apa sing kok alami ana ing Surakarta.

Petruk: Luwih dhisik aku arep anggambarake anane konggrèsing kaum jurnalis lan sing diarani: Nasional ondêrwis konggrès. Yèn dipikir kanthi sucining ati, sabênêre mono para warganing Perdi lan Nasional ondêrwis konggrès kuwi, cara ilmune wangun (meetkunde) mono, kêna diarani: congruent, têgêse: padha jinise, lan padha wujude.

Garèng: Wèh, hla pikiranaku pêrlop Truk. Para warganing Nasional ondêrwis konggrès, kuwi bangsaning guru, dene para warganing Perdi, kuwi bangsaning jurnalis. Golongan loro kiyi rak iya gèsèh bangêt ta, ana têka diunèkake: padha jinise lan padha wujude.

Petruk: Lo, anggone golongan loro iki takarani: padha jinise, sabab loro-lorone padha kaum kêbangsan. Sing jurnalis, wong iya wis nyêbutake dhewe jurnalis bôngsa Indhonesiah, mulane iya kalêbu ing kaum kêbangsan, lan sing guru, wong iya guru nasinoal, dadi ya bôngsa kaum kêbangsan. Kajaba saka iku, pagaweane guru kuwi: mêndhidhik, dadi iya awèh sêsuluh, awèh piwulang lan sapêpadhane, sanajan sing didhidhik mau bocah-bocah. Pagaweane jurnalis, jarene iya mêngkono, malah sing didhidhik, sing diwèhi sêsuluh lan piwulang kuwi, wong-wong tuwa alias rakyat. Malah bangsaning jurnalis kuwi, anggone andhidhik, ora mung mênyang kawruh warna-warna lan kapintêran rupa-rupa bae, malah uga andhidhik nyang ... padu barang. Mara, Kang Garèng, golongan loro kiyi apa iya ora padha jinise. Saiki anggone takarani: padha wujude. Nanging iki mung kadhangkala bae, ora kabèh, lo. Bangsaning guru, kuwi jalaran saka kagawa dening pagaweane sabên dina: mulang, nuturi, awèh rêmbug bêcik marang bocah-bocah, banjur ana bae, sing anggêre kêtêmu uwong, banjur arêp mulang, dadi banjur kayadene ngrumasani: aku pintêr, aku pêngpêngan. Mêngkono uga para jurnalis, jalaran ngrumasani andhidhik rakyat, iya banjur ana bae, sing tindak-tanduke dipêthènthang-pêthènthèngake, kayadene arêp ngandhakake: aku pintêr, aku pêngpêngan. Hara, kadhangkala golongan loro kuwi rak iya sok padha wujude, ta.

--- 761 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKI.

Congres P.K.S. putri. Benjing tanggal 22 dumugi 24 wulan punika P.K.S. golongan putri ing Surakarta badhe adamêl congres. Panggenanipun dèrèng katêtêpakên.

Nat. Ond. Congres. Nalika Nat. Ond. Congres ing Surakarta, utusan Probi (Perguruan Ra'yat Umum Bangsa Indonesia) saking Bêtawi, botên kaparêngakên mêdhar sabda dening wêdana P.I.D. atas namanipun P.G. amargi Probi punika kenging awisan parêpatan.

[Grafik]

Doktêr-doktêr ngamanca. Kados ingkang sampun kacariyosakên Kêjawèn kêpêngkêr, ing bab anggènipun para doktêr ngawontênakên congrès malaria wontên Singapura, ingriki ngêwrat gambaripun para doktêr wau nalika dumugi ing Tanjungpriok, saha badhe nyinau padamêlan wau wontên ing tanah ngriki, katuntun dening Dr. Susilo, kaajak dhatêng Bandung, Cilacap, Purwokêrto, Ngayogya, lan Surabaya, wangsulipun lajêng badhe mampir dhatêng Sukabumi.

Congres P.K.V.I. P(erhimpunan) V(erpleger) (ster) dan V(roedvrouwen) I(ndonesia), kalampahan sampun damêl congres wontên ing Bêtawi, manggèn ing gêdhong Permufakatan Indonesia ing Gang Kenari. Ingkang dhatêng kathah, pangagênging pakaryan kasarasan anjênêngi, tuwin sanès-sanèsipun. Tuwan Rooslan Wongsokusumo ingkang minangka wakiling P.K.V.I. mêdhar sabda, mratelakakên ing bab adêging P.K.V.I. ngantos dumugi wujudipun ing sapunika. Sapunika warganipun sampun wontên 1000. Nêtêpakên adêging H.B.P.K.V.I. wontên Surabaya. Ingkang kapilih dados pangarsa R. Rooslan Wongsokusumo, R. Salèh Hadisuwignyo, panitra, Tuwan Tumin artaka pambantu tuwan K. Si Tumpul, Paidi tuwin taksih wontên sanèsipun malih. Benjing congres ingkang kaping IV badhe kawontênakên ing Lawang (Jawi Wetan). P.K.V.I. badhe ngadani ngêdêgakên Cooperatie Chemicalienhandel.

Tanêman kapas Minahasa. Wontên pawartos, ing Bitung, Minahasa lèr, wontên bangsa Jêpan sami panèn kapas. Sanadyan pananêmipun wau dèrèng tamtu angsal-angsalanipun, nanging ing taun punika ngindhaki tanêman. Malah têtiyang siti ingriku sami dipun kèn nanêm kapas, saha kalampahanipun sampun wontên ingkang nanêm 15 bau.

Èstri tiyang siti ingkang dipun pêndhêt bojo bangsa Tionghoa. Miturut buku pèngêtan Volkstelling 1930 jilid VIII, cacahing tiyang èstri golongan tiyang siti ing satanah ngriki ingkang dipun anggêp kadosdene bangsa Tionghoa utawi bangsa sanèsipun wontên 10.791. Wontênipun dipun anggêp makatên wau, amargi dipun wêngku dados bojo. Dene ingkang kathah bangsa Jawi. Pêpetanganipun: bangsa Jawi 5429, Sunda 711, Mênado 391, Bêtawi 297. Wontên malih 544, botên kasumêrêpan malêbêt golongan pundi.

Ama kêthèk ing Gunungkidul. Ing mangsa punika ing Gunungkidul wontên ama kêthèk. Anèhipun panêmpuhipun kêthèk wau sakalangkung julig, panêmpuhipun botên sêsarêngan, upami ingkang sagolongan saking wetan, ingkang sagolongan malih saking kilèn, manawi ingkang saking wetan dipun tanggulangi, ingkang saking kilèn nêmpuh, makatên ugi kosok-wangsulipun. Ing pundi ingkang dipun têmpuh tamtu dhadhal. Lan malih kêthèk wau botên ajrih dhatêng tiyang èstri, malah purun ambegal punapa. Makatên ugi kalihan sagawon. Sagawonipun malah dipun cêpêng dipun ènèng-ènèng, lajêng kaglundhungakên ing èrèng-èrèng.

Bupati Serang. R. Hilman Jayadiningrat Wêdana Jatibarang, Indramayu, katêtêpakên dados Bupati ing Serang, angsal sêsêbutan tumênggung. R.T. Hilman Jayadiningrat punika putranipun suwargi R.T. Jayadiningrat, Bupati ing Serang, ingkang nomêr 8. Ingkang rayi Pangeran Arya Achmad Jayadiningrat, Edeleer ingkang sampun lèrèh, inggih ingkang rayi R.A. Husein Jayadiningrat, Edeleer ingkang jumênêng sapunika.

Persdelict "Keroesakan agama Christen dan Jahoedi." Pulisi golongan P.I.D. ing Ngayogya sampun rampung anggèning mariksa prakawisipun Tuwan Abdulazis tuwin Yunani, directeur tuwin expediteur pangêcapan "Kita" ing Ngayogya, kadakwa ngêdalakên buku ingkang namanipun kados kasêbut ing nginggil. Ingkang ngarang buku wau Tuwan Salèh Ibn Ali Amdat ing Banjarmasin. Ing bab punika parentah manggalih ngrèmèhakên dhatêng agami sanès inggih punika Christen tuwin Yahudi. Buku wau sampun kacithak 1000 iji, ingkang 225 sampun kakintunakên dhatêng Banjarmasin, sanèsipun taksih wontên pangêcapan "Kita". Sami dipun bêskup.

Golongan juru sêrat suka sukur. Kalawarti P.P.B.B. martosakên, Tuwan Sutarjo, ondervoorzitter P.P.B.B. mêntas dhatêng Jawi Wetan, pêrlu andhatêngi ing pang-panging pakêmpalan. Ing bab punika kawartosakên, bilih juru sêrat klas 1 ing laladan Jawi Wetan, ingkang kaandhapakên dados juru sêrat limrah, wontên ingkang katêtêpakên pangkatipun lami.

Normaalschool Salatiga. Ing Normaalschool èstri ing Salatiga mêntas ngawontênakên examen wêkasan, sadaya sami lulus. Ingkang sami lulus wau sabagean wontên ingkang asli saking Normaalschool Surakarta. nama-namanipun sadaya wau: Mursinah, Sri, Sudarmi, Sutarti, Mursini, Suparti B., Sutirah, Narumah, Kamini, Hanmirin, Rusmiyati, Wiyarti, Wati, Umiyati, Sutini, Suparjinah, Surindi, Suparti A, Sugiyah, Sumilah, Maryam, Sumarti, Sutasni Rêtna, Sulami, Sutiyêm, Sutinêm, Suminah, Sumini, Warlyah, Isbandiyah, Sutinah, Sukarni, Surini, Kalisêm, Suyana, Juminah, Suratilah, Sumiyati, Kardini, Masinêm, Slamêt.

--- 762 ---

Rêdi Sêmèru krodha. Wontên pawartos saking Malang, rêdi Sêmèru nyuwara gumludhug. Têtiyang ing dhusun Sukarêjo sampun sami dipun sukani sumêrêp supados sami ngili.

S.J.S. nyuwak autobusdienst. Sêmarang-Joana-Stoomtram kalampahan sampun ngèndêli lampahing autobusdienst gadhahanipun piyambak, amargi lampahing sêpur sampun dipun rikatakên.

Cursus têtanèn. Awit saking ada-adanipun Landbouwvoorlichtingsdienst, College van Gedeputeerden Jawi Kilèn nêtêpakên, supados ngawontênakên wulangan têtanèn wontên ing bawah Paresidhenan Cirêbon. Pêpetanganipun tumrap kabupatèn Kuningan 23 dhusun, Cirêbon 6, Majalêngka 3.

Nglalu sarana nêdha adalin. Satunggiling bangsa Tionghoa nama Lie Tan Hoei, ing Pasar Sênèn, Bêtawi, ing wanci enjing kasumêrêpan satêngah pêjah, wusana kasumêrêpan jalaran nêdha jampi adalin ngantos kalih wadhah. Tiyang ingkang nglalu wau lajêng kabêkta dhatêng C.B.Z.

Nglalu jalaran kêjudhêgan. Tiyang nama Lian ing kampung Sumur Batu, Bêtawi, kasumêrêpan sampun pêjah anggantung wontên wit pêlêm. Jalaranipun anggantung wau saking kêjudhêgan botên sagêd pados panggêsangan, mangka gadhah têtanggêlan bojo tuwin anak 6, wontên ingkang sawêg umur 30 dintên. Sarèhning rekadaya mrika-mriki botên angsal, lajêng nglalu punika.

Rajapêjah punika botên sagêd kasidhêm. Ing dhusun Juruk, Gunungkidul, wontên tiyang nama Pandi mêjahi tilas bojonipun, jalaran dipun ajak wangsulan botên purun. Sanadyan bab wau inggih sampun kasumêrêpan larah-larahipun, nanging para waris nêdya nyidhêm kemawon, mindhak kêpanjang-panjang, pêjahipun kaawatakên sakit wêtêng. Nanging dangu-dangu bab punika kasumêrêpan, lajêng kalapurakên dhatêng ingkang wajib, mayit sampun kakubur 60 dintên kadhudhuk, dèrèng risak, tandhaning dipun aniaya taksih.

Candu padhang dados pêtêng. Kawartosakên, panyadean candhu tuwin sarêm ing Wonogiri kalêbêtan durjana, sagêd ambêjat lawang ingkang sakalangkung santosa. Durjana sagêd amêndhêt candu rêrêgèn f 1500.-.

Rajapêjah ingkang sampun 8 taun angsal titik. Awit saking panêdhanipun bupati ing Jêmbêr, wêdana ing Kêtapang, Madura sampun nyêpêng tiyang nama Asjalin ing rêdi Kapur, ingkang sampun 8 taun sapriki kadakwa mêjahi Tuwan Sanders, punggawa sawênèhing kabudidayan ing Jêmbêr.

Radio tuwin plat gramopoon. Awit saking panitinipun sudagar gramopoon, sapunika pêpajênganing plaat sudanipun ngantos 80%. Ing sapunika pabrik-pabrik gramopoon badhe gadhah panêdha, tumrap radio ingkang migunakakên plaat, badhe dipun têdhani beya 19 sèn sabên saputêran. Ing bab punika lajêng wontên sêdya, radio botên badhe migunakakên plaat.

S.S. badhe nindakakên pangiridan malih. Ing Bandung mêntas wontên parêpataning Bijstands-Commissie babagan S.S. Hoofdinspecteur apratela, tumrap rantaman taun 1936, S.S. ngawontênakên pangiridan f 800.000.-.

Arrabitah Al Alawiyah badhe damêl pamondhokan ing Mêsir. Pakêmpalan Arrabitah Al Alawiyah pang Bêtawi mêntas parêpatan, ngrampungi rêmbag badhe ngawontênakên pamondhokan ing Mêsir, kangge lare ingkang nglajêngakên sinau mrika.

EROPA.

Inggris supêkêt kalihan Jerman malih. Ing Inggris mêntas wontên parêpataning para tilas militèr, dipun jênêngi Prins van Wales, Pangeran-pati Inggris, Sang pangeran nayogyani sangêt dhatêng usul bab badhe ngintunakên utusan dhatêng Jerman, ingkang wosipun ngajak rukun, sanadyan têtiyang sadaya tilas wadya paprangan mêngsahipun Jerman, nanging kêdah nyupèkakên bab punika.

Ruslan tuwin Rumenie mêmitran. Miturut pawartos, sawatawis dintên malih Sovyet Ruslan tuwin Rumenie badhe mupakati nêdya tulung-tinulung.

NAGARI WALANDI.

Bab kasangsaran motor mabur Uiver. Ing bab babagan pangudi jalaraning kasangsaran motor mabur Uiver, katêtêpakên jalaran kêtêmpuh ing hawa gêgana awon. Ing kala samantên nuju jawah prahara, motor mabur nuju lumampah saking kilèn mangetan, wontên sanginggilipun Rutbah Wells, katêmpuh ing prahara wau, ngantos sagêd ngawonakên kêkiyataning mêsin. Motor mabur sumiyut mangandhap, ingkang rikating lampahipun 225 m saêjam tanpa dipun kêmudhèni ngantos dumugi ing dharatan, wêkasan nêmahi karisakan.

ASIA.

[Grafik]

Pikramèn gagrag enggal. Inginggil punika gambaripun para pangantèn ing Tiongkok nuju ningkah sêsarêngan, ingkang kadamêl tatanan enggal dening gemeente ing Shanghai. Ing bab tatanan kados makatên wau, kajawi nyuda wragad, ugi ngringkês wêkdal.

--- 763 ---

Wêwaosan

Wangsulipun Tarsan.

Piridan saking buku karanganipun Tuwan Edgar Rice Burroughs

21

Tarsan apitakèn: Mênggah kajêng sampeyan samangke kadospundi, sampeyan têmtunipun botên sagêd wangsul dhatêng warung ngriku malih. Kintên-kintên sampeyan punapa sagêd lêstantun gêsang wilujêng wontên ing Sidi Aisah ngriki.

Juru dhangsah pawèstri amangsuli: Benjing-enjing têmtu inggih sampun supe malih. Ewasamantên bingahing manah badhe tanpa upami, saupami kula botên prêlu kêdah wangsul malih dhatêng warung punika. Anggèn kula wontên ing ngriki kemawon punika, botên sabab kula sênêng, nanging sabab kula dados tawanan.

Tarsan apitakèn: Dados tawanan.

Juru dhangsah: Bokmanawi langkung sae saupami dipun wastanana: rencang tumbasan. Ing satunggiling dalu kula punika dipun colong dening golonganing durjana saking pakuwoning bapa kula. Dening durjana wau kula kabêkta mriki sarta lajêng kasade dhatêng Arab ingkang anggadhahi warung punika. Dumuginipun samangke kula sampun kalih taun botên sumêrêp dhatêng akrab kula. Têmtunipun inggih mokal sangêt sagêdipun pinanggih, awit dunungipun akrab kula punika kaprênah kidul têbih sangêt saking ngriki. Lan ugi prasasat botên nate dhatêng ing Sidi Aisah ngriki.

Tarsan apitakèn: Punapa sampeyan kêpengin wangsul dhatêng akrab sampeyan. Manawi makatên, kula sagah ngêtêrakên sampeyan dumugi ing Busaadah. Wontên ing ngrika kintên-kintên ing mangke kula sagêd sarêmbag kalihan pangagênging kitha supados dipun pranata sagêdipun sampeyan wangsul dhatêng pakuwoning akrab sampeyan.

Kanthi bingahing manah juru dhangsah pawèstri wicantên: Dhuh tuwan, kadospundi anggèn kula badhe malês dhatêng kasaenan panjênêngan punika. Punapa inggih saèstu, panjênêngan badhe paring pitulungan dhatêng tiyang ingkang saklangkung asor kadosdene kula punika. Nanging bapa kula sagêd angganjar panjênêngan, lan botên kenging botên piyambakipun têmtu badhe angganjar panjênêngan, awit piyambakipun punika satunggiling pangagêngipun bôngsa Arab ingkang abôndha-bandhu. Bapa kula punika namanipun Kadur bin Sadên.

Klayan kagèt Tarsan apitakèn: Kadur bin Sadên, manawi lêrês punika tiyang sêpuh sampeyan, ing dalu punika piyambakipun wontên ing Sidi Aisah ngriki. Kalih jam ingkang kapêngkêr piyambakipun mêntas kêmbul bujana kalihan kula.

Gumuning manahipun juru dhangsah wau tanpa upami saha lajêng wicantên makatên: Bapa kula wontên ing Sidi Aisah ngriki. Manawi makatên, kula wajib ngucap sukur dhatêng Ingkang Kuwasa, awit kula têmtu badhe sagêd angsal pitulungan.

Kala punika Abdul angèngêtakên makatên, kèndêl rumiyin, kèndêl, kula aturi sami mirêngakên.

Saking ngandhap kamirêngan suwaraning tiyang sami rêrêmbagan, ing sarèhning sampun dalu mirêngipun wau cêtha sangêt. Tarsan botên mangrêtos punapa kajênging rêmbag wau, nanging Abdul tuwin juru dhangsah pawèstri wau ingkang lajêng anêrangakên dhatêng Tarsan.

Juru dhangsah pawèstri wicantên: Têtiyangipun sadaya samangke sampun sami kesah. Sajatosipun ingkang dipun ancam punika panjênêngan tuwan. Salah satunggal wontên ingkang wicantên, bilih tiyang mônca ingkang nyukani arta supados amêjahana panjênêngan, samangke tanganipun tugêl saha dipun upakara wontên ing griyanipun Ahmad bin Sulèp, nanging piyambakipun aprajangji badhe nyukani arta langkung kathah malih, manawi wontên tiyang ingkang sagah mêjahi panjênêngan wontên ing têngah-têngahing margi ingkang dhatêng Busaadah.

Abdul anyambêti: Punika gênah tiyang ingkang tansah tut wingking panjênêngan kalanipun panjênêngan tindak-tindak. Nalika wontên ing warung kula inggih sumêrêp piyambakipun malih. Malah ing kala punika ambêkta kônca satunggal. Kalih-kalihipun lajêng sami dhatêng ing papan ing nglêbêt prêlu rêrêmbagan kalihan juru dhangsah pawèstri punika. Ing wusana kalih-kalihipun punika lajêng sami nêmpuh dhatêng kula sadaya, nalika kula sadaya mêdal saking warung, malah inggih tiyang kêkalih punika ingkang nyênjata dhatêng kula sadaya, punapa panjênêngan mangrêtos, tuwan, sababipun dene têtiyang punika badhe mrêjaya dhatêng panjênêngan.

Tarsan amangsuli: Aku ora sumurup, êmbuh yèn ... anggènipun wicantên wau botên kalajêngakên, awit punapa ingkang dados manahipun, sanajan sabab sanèsipun botên wontên, ewasamantên têka mokal sangêt saupami lêrêsa, amila Tarsan lajêng kèndêl kemawon.

Têtiyang ingkang sami angancam dhatêng Tarsan sakancanipun samangke sampun sami kesah sadaya. Papan ing nglêbêt, punapadene ing warung sampun botên wontên tiyangipun malih. Kanthi ngatos-atos saking payon Tarsan mandhap dhatêng jêndhela. Saking ngriku Tarsan aningali ing salêbêting kamar, ing kamar katingal sêpên botên wontên tiyangipun satunggal-tunggala. Piyambakipun lajêng wangsul dhatêng payon malih saha angandhapakên [a...]

--- 764 ---

[...ngandhapakên] Abdul. Salajêngipun juru dhangsah pawèstri ugi lajêng kaandhapakên ingkang lajêng katampenan dening Abdul.

Saking jandhela Abdul lajêng mêncolot dhatêng margi. Dene Tarsan, kanthi anyangking juru dhangsah pawèstri, kadosdene ingkang sampun asring dipun tindakakên wontên ing salêbêting wana ing Aprikah, ugi lajêng mêncolot dhatêng ing margi. Kala mancolotipun wau, saking ajrihipun, juru dhangsah anjêrit, nanging Tarsan sagêd dumugi ing margi kanthi wilujêng, makatên ugi juru dhangsah pawèstri wau.

Sakêdhap lare èstri anyêpêngi Tarsan kêncêng sangêt. Salajêngipun nuntên wicantên makatên: Panjênêngan têka kiyat lan cikat sangêt. Kintên-kintên sanajan singabarong cêmêng, kakiyatanipun dèrèng nyamèni panjênêngan.

Tarsan amangsuli: Kula kêpengin sangêt sumêrêp singabarong punika. Dumugining sapriki kula têka dèrèng nate mrangguli.

Juru dhangsah: Manawi ing têmbe panjênêngan sagêd tindak dhatêng pakuwonipun tiyang sêpuh kula, panjênêngan têmtu badhe sagêd anguningani singabarong cêmêng wau. Dêdunungipun singabarong punika wontên ing lêngkèhing rêdi salèring pakuwonipun tiyang sêpuh kula, lan manawi ing wanci dalu asring sangêt piyambakipun mêdal saking guwanipun prêlu badhe nyolong rajakaya gadhahanipun tiyang sêpuh kula. Kanthi dipun tapuk sapisan kemawon, lêmbu ingkang agêng sirahipun sagêd pêcah. Dene manawi wontên tiyang ing wanci dalu kêpêthukan kalihan singabarong wau, sampun takèn dosa malih, têmtu inggih lajêng dados mangsanipun.

Tanpa amanggih rêribêt punapa-punapa, botên watawis dangu tiyang têtiga wau sampun dumugi ing hotèl pondhokanipun Tarsan. Ing sakawit ingkang gadhah hotèl botên sagah mituruti punapa ingkang dados panêdhanipun Tarsan, inggih punika: supados ingkang gadhah hotèl wau kengkenan tiyang ngupadosi Kadur bin Sadên, bapakipun juru dhangsah pawèstri kasêbut ngajêng, nanging sarêng Tarsan aprajangji suka prêsèn ingkang murwat sangêt, sanalika punika nuntên kengkenan rencang dhatêng lusmèn-lusmèn gadhahanipun têtiyang siti, ingkang kinintên pantês dados pondhokanipun kapala bôngsa Arab asli saking padhusunan. Anggènipun Tarsan akèn ngupadosi ing wanci dalu punika, awit kuwatos, bilih Kadur bin Sadên wau enjingipun badhe gasik sangêt anggèning nilar kitha ngriku. Lan saupami lajêng nututana, têmtunipun angèl anggèning sagêd kêsusul.

Tiyang têtiga wau sawêg ngêntosi kirang langkung satêngah jam, rencang ingkang dipun kèngkèn sampun wangsul kanthi ngirid Kadur bin Sadên. Kapala Arab wau lumêbêt ing kamaripun Tarsan sêmu gumun, dene Tarsan undang-undang ing wanci dalu makatên. Amila dèrèng ngantos mapan linggih, piyambakipun enggal-enggal pitakèn dhatêng Tarsan: Tuwan, panjênêngan animbali dhatêng kula ing wanci dalu makatên, mênggah prêlunipun ... dèrèng ngantos rampung anggènipun pitakèn, dumadakan piyambakipun sumêrêp juru dhangsah pawèstri ingkang ing kala punika linggih wontên ing sacakêtipun Tarsan. Bingahing manahipun kapala Arab wau tanpa upama. Juru dhangsah lajêng dipun rangkul sarwi wicantên makatên: Anakku wadon, têka samene parimirmaning Pangeran. Saking bingahipun, kapala Arab ingkang sampun sêpuh wau, ing kala punika ngantos andhawahakên êluh.

Ing ngriku juru dhangsah pawèstri lajêng nyariyosakên mênggahing lêlampahanipun, wiwit mulabuka, inggih punika nalika dipun colong dening kapala durjana saha dipun sade dhatêng tukang warung, ngantos dumugi ing pungkasanipun, inggih punika ngantos kapanggihipun kalihan Tarsan.

Kanthi prasaja kapala Arab lajêng ngêlungakên tanganipun dhatêng Tarsan saha lajêng wicantên makatên: Sadaya gêgadhahanipun Kadur bin Sadên, punika kagungan panjênêngan, tuwan, dalasan nyawa kula pisan ugi panjênêngan ingkang kagungan.

Tarsan mangrêtos, bilih omongan ingkang makatên punika dede umuk, nanging mêdal saking manah sayêktos.

Sanajan tiyang ingkang tiga punika enjingipun kêdah bidhal sarana numpak kapal, ing môngka ing dalu punika têmtunipun prasaksat botên tilêm, ewasamantên sami kamanah prêlu, enjingipun bidhal ing wanci enjing umun-umun, prêlunipun supados ing dintên punika ugi sagêda sampun dumugi ing Busaadah. Tumrapipun tiyang jalêr lampahipun wau kados botên andadosakên sabab punapa-punapa, nanging tumraping lare èstri, kadosdene juru dhangsah kasêbut ing ngajêng, têmtunipun sakalangkung rêkaos.

Nanging mênggahing juru dhangsah pawèstri, ing sarèhning sampun sawatawis kalih taun botên sumêrêp sanak sadhèrèkipun, amila inggih daya-daya anggènipun kêpengin supados tumuntên bidhal, sanadyan lampahan rêkaos kados punapa, piyambakipun botên badhe wêgah anglampahi.

Enjingipun Tarsan angrumaosi kadosdene botên tilêm saliyêpan babarpisan nalikanipun dipun gugah dipun ajak bidhal, lan sajam malih tiyang sadaya wau sampun wontên ing margi, ing sajawining kitha ingkang nuju dhatêng Busaadah, ing sakawit marginipun sae, amila lampahipun sagêd gêgancangan. Nanging sarêng lampahipun wau kirang langkulangkung. sampun wontên sawatawis pal, ujug-ujug lajêng dumugi ing margi pasir. Ing ngriku lampahipun rêkaos sangêt, awit sukuning kapal sabên satindak mèh ajêg amblês ngantos dumugi ing ugêl-ugêling tracak. Kajawi Tarsan, Abdul, kapala Arab, tuwin anakipun èstri, wontên tiyang sakawan malih, ingkang suwaunipun ngêtêrakên kapala Arab wau dhatêng Sidi Aisah, lan samangke tumut wangsul. Ingkang punika dados wontên tiyangipun jalêr pitu, jalaran saking makatên wau, dados inggih botên sami kuwatos, bilih badhe kabegal wontên ing margi, lan manawi lampahipun wau botên kapambêng ing satunggal punapa, sadèrèngipun ing wanci sêrap, kados-kados sampun sagêd dumugi ing Busaadah. (Badhe kasambêtan).

--- [0] ---

[Lanjutan dari halaman sampul depan: Sastrajendra Hayuningrat]

montrèng nagari / beda lan pun Wisrawana / ginulang sangkaning alit / ing krama olah niti / mila menggal tamèng kawruh / dhêdhasar bijaksana / beda lan arine ngriki / pun Prahastha sangêt mudha punggungira //

kalamun mijila priya / putra tuwan pun Sukèsi / mèmpêr lan pun Wisrawana / limpad pasanging lêlungid / wasis pratamèng kawi / saliring lukita putus / tatas titining sastra / emane mijil pawèstri / alit mila dènnya karêm ulah sastra //

pan ing mangke diwasanya / dadya lok liyan nagari / kathah para raja-raja / kang prapta ngêbun-bun enjing / wangsul samya tinampik / putranta pratignyanipun / benjing purun akrama / lamun antuk satriyadi / tuwin para ratu kang sagêd narbuka //

artine kang sastra cêtha / Harjendra Hayuning Bumi / malah ta prasetyanira / sêksi ing para maharsi / kinarya pasanggiri / yèn tan antuk ratu punjul / ingkang sagêd narbuka / wahananing kang sastradi / prasêtyane wahdat datan arsa krama //

katêtah mangke putranta / pulunan pun Jambumangli / nanggulang karya pêpalang / ing sagung para narpati / arine pan kinardi / sayêmbara ing prang pupuh / kramanira antuka / ratu kang prawira sêkti / kêlar nôngga ing aprang prakosanira //

dadya ing mangke kalingan / patêmbayane ni putri / katon mung sayêmbara prang / pokale pun Jambumangli / kadi-kadi darbèni / melik dhatêng arinipun / nanging ajrih nêmbunga / mring kawula kaping kalih / tan kadugi narbuka artining sastra //

nglalu tyasira satêmah / karya riwuking paraji / ngadêgkên sayêmbara prang / nguni wontên ratu prapti / madyantara prajèki / Sri Wisamarta dibyanung / lan ing Simbarmanyura / kaloka labêting jurit / angayoni masuk ing sayêmbara prang //

pêjah ratu kalih pisan / binanting madyaning jurit / rame rok silih prabawa / kalawan pun Jambumangli / prapta dalasan mangkin / giris para ratu-ratu / mila cipta kawula / kadya têmah nini-nini / putra tuwan pun Sukèsi botên krama //

sang pandhita duk miyarsa / apingungun ngandika ris / yayi prabu ing Ngalêngka / yèn makatên tanpa kardi / prapta kula puniki / sayêkti lamun ingutus / ing putra pun Dhanendra / ngaturkên prajanirèki / mring paduka srah jiwa amanakawan //

yèn parêng panuwunira / putra tuwan nini putri / ngadhatona Lokapala / siniwia jroning puri / mila kula lampahi / pun Dhanendra aturipun / botên cipta akrama / mung suka mong angêmbani / pan inganggêp paringing Hyang Jagadnata //

ing nguni lamun mirsaa / wus kinarya tohing jurit / supaya lamun puruna / nênuhun ing yayi aji / sintên ingkang kuwawi / nadhahi wuking prang pupuh / yèn wus mêtu krodhanya / pun Jambumangli ing jurit / nadyan dewa Suralaya jrih sadaya //

kajawi saking punika / ngungun kawula puniki / dene ta botên kadosa / putra tuwan nini putri / sintênta kang marahi / panêdhanira puniku / Sastrajendra Yuningrat / minôngka wadining bumi / pan sinêngkêr dening Hyang Jagad Pratingkah //

tan kenging singa ngucapna / siniku ing bathara di / sanadyan para pandhita / kang samya mandirèng wukir / awis ingkang ngawruhi / yèn dede pandhita punjul / kula matur pasaja / mring paduka yayi aji / kang tinêdha ing nini putri punika //

Sastrajendra Hayuningrat / pangruwat barang sakalir / kapungkur sagung rêrasan [rêra...]

--- [0] ---

[...san] '/ ing kawruh tan wontên malih / wus kawêngku sastra di / pungkas-pungkasaning kawruh / ditya diyu rêksasa / myang sato sining wanadri / lamun wêruh artine kang Sastrajendra //

rinuwat dening bathara / sampurna patinirèki / atmane wor lan manusa / manusa kang wus linuwih / yèn manusa udani / wor lan dewa patinipun / jawata kang minulya / mangkana Prabu Sumali / duk miyarsa tyasira andhandhang sastra //

Dhandhanggla

jog tumêdhak Sang Prabu Sumali / saking palênggahan nawarêtna / angrêpèpèh nèng ngarsane / arsa mangraup suku / sang pandhita gupuh nêdhaki / pan sarwi kipa-kipa / nyandhak astanipun / dhuh yayi Prabu Ngalêngka / sampun-sampun paduka arsa punapi / anguncupakên asta //

aturnya lon Sang Prabu Sumali / saking sukaning manah kawula / amiyarsa pituture / ing tyas langkung kapencut / nugrahanên kakang pun yayi / Sastrajendra Yuningrat / pangruwating diyu / pun yayi liwat cilaka / tinitah wil sato padhane nèng bumi / pae lawan manusa //

sampun tanggung gèn paduka asih / ing kaswasih benjang ariloka / cangkingên wor ing dhèwèke / prasêtyamba pukulun / sampun mênggah nini Sukèsi / nagari ing Ngalêngka / lan saisinipun / jro pura katur sadaya / nadyan pêjah gêsang tan ngrasa darbèni / langkung karsa paduka //

Rêsi Wisrawa ngandika aris / inggih mangke dèn aris kewala / môngsa lêpata karsane / yèn tuhu yayi prabu / mahyun tama wruhing sastra di / suwawi mring pamujan / kang rêpit gonipun / Sastrajendra wadiningrat / botên kenging kawruhan sato kumêlip / sakutu walang taga //

sang yaksendra sigra kèn ngrêsiki / sanggar langgatan pinaripurna / pêpak sasarat-sarate / dupanira kumutug / madu pala kang wangi-wangi / winor kalawan dupa / sang pandhita sampun / minggah ing sanggar langgatan / lan sang ditya raja sagunging parèstri / kinèn nêbih sadaya //

Pêthikan saking sêrat Arjuna Sasrabau, wêdalan Bale Pustaka, Batawi Sèntrêm.

Murih botên adamêl kawratanipun ingkang sami mundhut, sêrat Arjuna Sasrabau dipun pêcah dados nêm jilid, inggih punika:

Jilid 1, Lairipun Dasamuka, rêgi ... f 0.40
Jilid 2, Bêdhahipun Lokapala, rêgi ... f 0.32
Jilid 3, Maesasura, Jathasura, rêgi ... f 0.40
Jilid 4, Sêmantri ngèngèr, rêgi ... f 0.40
Jilid 5, Pêjahipun Patih Suwônda, rêgi ... f 0.40
Jilid 6, Pêjahipun Prabu Arjuna Sasrabau, rêgi ... f 0.35
Jangkêp nêm jilid, namung rêgi ... f 2.27

--- [0] ---

Ôngka 49, Stu Pa, 20 Mulud Jimakir 1866, 22 Juni 1935, Taun X

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [765] ---

Ôngka 49, Stu Pa, 20 Mulud Jimakir 1866, 22 Juni 1935, Taun X

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1,50 bayaran kasuwun rumiyin botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka ing sawingkinging kantor Palis, tilpon nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Palabuhan - Bab Tingalan ing Bali - Pêkên Tiban - Kawontênan ing Itali tuwin Ngabêsi - Adpêrtènsi - Wawasan Konggrès Perdi - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Palabuhan

[Grafik]

Sawangan Palabuhan ing têluk Dhalêm, Nias.

--- 766 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Bab têtingalan ing Bali.

Mênggah ingkang kula andharakên punika, bab têtingalan ingkang sampun kula sumêrêpi, kados ta:

1. Arjê. Arjê punika têtingalan ingkang mawi lêlampahan, kadosdene langêndriyan, ingkang kangge lampahan, kasêbut Pakangraras (Panji) suwita dhatêng Radèn Dèwi, ucap-ucapanipun kasêkarakên. Gamêlanipun suling kêndhang alit (kêtipung) kalih, lan gumbêng gong dêling, kêcèr, kalanganipun wiyar, kêdah wontên ing jawi, mawi dipun kênthêng pasagi panjang, rinêngga gêgodhongan tuwin janur, sênthong panggenan ingkang anjogèt kalih, ajêng-ajêngan, antawisipun sênthong wau (salêbêting garis kênthêng) kintên-kintên 6 mètêr, wiyaripun kintên-kintên 15 meter.

2. Parwê. Parwê punika kadosdene ringgit tiyang, papan panggenan ugi wiyar kados kasêbut ing nginggil, dene lampahanipun mêndhêt saking Rama, mêdal kêthèk. Kêthèk wau ing cangkêm mawi topèng, buntutipun panjang anjênthar, saking bokonging cocor, ingkang dipun angge pênjalin gôngsa agêng.

3. Gambuh. Gambuh punika kados kêthoprak mêndhêt cariyos babad, ucap-ucapanipun mawi sêkar gôngsa agêng kados parwa kasêbut nginggil.

4. Barong. Barong punika ngangge topèng, papanipun tanpa watês, saugi wiyar, saênggèn-ênggèn, trêkadhang wontên ing margi agêng, mawi barongan, lampahan Rajawana, kadosdene reyog, nanging gôngsa agêng. Bibaranipun wontên salah satunggiling sêkê (lid pakêmpalanipun) ingkang kêrawuhan, botên èngêt (kêsurupan).

5. Calunarang. Calunarang wau, manggènipun kêdah cêlak ing sêma, sêma punika pakuburan, tuwin mawi panggungan, inggilipun watawis 4 metêr, gôngsa agêng, mêndhêt lampahanipun Prabu Calunarang. Kacariyos Sang Prabu Calunarang kagungan putra putri, kagarwa satunggiling nata. Sarêng sang putri wau sampun kagarwa, satunggiling wêkdal sang putri linggar saking puri pinuju sang prabu botên wontên, purugipun dhatêng sêma (pakuburan), mênggah prêlunipun andhudhuk pakuburan wau andhahar bangke. Wusana kadingkik sang prabu, sarêng kadênangan sang putri dipun pala. Sang putri lajêng kondur wangsul dhatêng nagarinipun ingkang rama Prabu Calunarang wau. Sang Prabu Calunarang mêsgul ing panggalih. Kocap sang prabu wau nututi ingkang garwa, nêdya badhe dipun sedani, sakalihan ingkang rama Prabu Calunarang wau, dhatêngipun wanci lingsir dalu, mlêbêt dados pandung. Pramila ingkang dados Prabu Calunarang wau kêdah ingkang sugih môntra, awit badhe dadosipun wiwit sontên sampun manêkung lan dêdupa wontên salêbêting panggung kasêbut ing nginggil. Sarêng sampun wanci enjing pandung wau minggah dhatêng panggung ambêkta dhuwung ligan badhe kangge nyedani Sang Prabu Calunarang wau, wusana sang prabu botên sagêd seda, [se...]

--- 767 ---

[...da,] malah tiwikrama dados rêksasa (rangdhê, ingkang dados rêksasa wau, ngangge topèng mripat wiyar siyung panjang kiwa têngên, ilat panjang wulunipun angrembyak, kukunipun driji tangan sadaya panjang, nyangking glimpo, lumampah nyuwara anggrumuh, sarwi anjêrit-jêrit angêbut-ngêbutakên glimpo, pancèn wujudipun angajrih-ajrihi), rêksasa wau sarêng dipun suduki botên tumama, badhe kawalês pandungipun lumajêng dhatêng salêbêting kuburan, rangdhê wau ugi ambujêng dumugi kuburan nanging botên kapikut. Lajêng wangsul jêjogedan kalihan nguwuh-uwuh mêngsah, sadumugining panggenan ingkang dados rangdhê wau lajêng kêrawuhan (kêsurupan) lajêng dipun suwunakên pangapuntên dhatêng Bathara, katetesan tirta, lajêng èngêt, bibar.

6. Tapêl pajêgan. Tapêl pajêgan wau kanggenipun brêsih dhusun utawi murwakala, mênggah ingkang dados, tiyang ingkang sampun sêpuh, tuwin ingkang turunan tukang topèng, mênggah nopèngipun makatên, tanpa lampahan, nanging topèng sawadhah dipun sêdhiyakakên, kaangge gantos-gantos ngantos têlas, gôngsa agêng.

7. Wayang cucal. Wayang wau gambaripun kapêtha methok, jôngga cêlak, tangan ugi cêlak. Panggenanipun ugi panggungan, gangsanipun namung gêndèr, yèn ringgitan wau botên dangu, 2 utawi 3 jam sampun bibar. Yèn mayang, manawi pinuju pêrang, wayangipun kasarêngakên, upami kiwa nyêpêng 6 têngên 5, pundi ingkang badhe kawon wayang kadhawahakên saking satunggal ngantos têlas.

8. Leko. Leko punika kados legong kasêbut ngajêng nanging kenging kaibingi tiyang.

[Grafik]

Gambang ing Bali.

9. Gandrung. Gandrung punika ingkang dados namung tiyang 1, jamangipun kados surban nanging mawi karang mêlok kiwa têngên. Utawi ingkang dados lare jalêr, gangsanipun gambang saking dêling 2 tuwin mawi gong tosan, kêndhang, yèn katanggap mêsthi dipun ibingi dening têtiyang ningali. Panjogèdipun wau, blencong katancêpakên siti, gandrungipun jogèd rumiyin, lajêng wiwit ngibing, jôngga kamêngkêrêtakên, polatan kamèsêmakên, mripat kawiyarakên mawi kakocak-kocakakên, tandang trampil trêngginas.

Botên namung andharan kula ing nginggil manawi wontên ingkang botên cocog nyuwun gunging pangaksama.

Wismana, Karangrêja, Kêling.

--- 768 ---

Cariyos Kina

Pêkên Tiban.

[Grafik]

Sawangan ing parêdèn laladan Karangpandhan lan Tawangmangu.

Ing sukuning rêdi Lawu ingkang iring kidul kilèn, cakêt dhusun Ganoman, Blimbing tuwin dhusun Karanglo, bawah kapanewon pangrèh praja Tawangmangu, Kadhistrikan Karangpandhan, Mangkunagaran, watawis têbihipun 35 pal saking kitha Surakarta wontên pêkênipun nyalandri satunggal, mênjila botên wontên sanèsipun malih, nama pêkên Barakan, mênggah calangap sarta grêngipun pêkên wau kalêbêt alit utawi cêkapan. Wondene anggèn kula mastani nyalandri utawi mênjila punika makatên: pêkên wau gêsangipun namung sabên salapan dintên sapisan, pêndhak Jumungah Kliwon, nanging sabên pêkênan ngriku dados panggenan tiyang ngluwari nadar (pakaulan) warni-warni, awit têtiyang padhusunan sakiwa têngên ngriku ngantos dumugi watawis kawan pal mubêng têbihipun, samôngsa gadhah nadar (pakaulan) têmtu dhatêng pêkên Barakan, wontên ingkang dipun garubyug tiyang kathah, mawi dipun arak, slawatan santri, têtabuhan, reyogan sawênèh namung têtiyang jalêr èstri thok kemawon. Ingkang kathah kanadaran (pakaulan) wau prakawis bab tampi ganjaran sakit, soka sampun waluya gadhah niyat midhang dhatêng pêkên Barakan ... mila sabên dintên Jumungah Kliwon sampun têmtu wontênipun tiyang ingkang ngluwari punagi, trêkadhang bancang sêsarêngan ngantos 3-4 prangkat. Winastan mênjila malih, amargi pêkên ngriku botên mawi bango satunggal-tunggala kajawi namung wit-witan agêng sauwit, ingkang sami bikak dhasar sêsadean namung tiyang èstri, dene ingkang dipun sade namung bangsaning têtêdhan mêntah

--- 769 ---

matêng thok, sêsadean barang liyanipun têtêdhan botên wontên. Ingkang sami têtumbas kajawi tiyang sêpuh sarta lare dhusun sacêlaking ngriku, ugi têtiyang ingkang anggarubyug arak-arakan wau sami têtumbas têtêdhan warni-warni, ramening pêkênan ngriku namung wiwit byar enjing dumugi antawising jam 10-11 sampun bibar, sarêng kalihan bibaraning para tiyang nadar (pakaulan wau). Dados padintênanipun pêkên wau namung wujud siti ara-ara radin ngêblak angênthak-ênthak kemawon, botên dipun pupu beya sapon ing parentah, lurahipun pêkên ngiras kalihan jurukunci palawanganipun ngriku, manggènipun sapinggiring dhusun kaprênah ing jawi.

Mênggah dêdongenganipun, ing sacêlaking dhusun ngriku ing jaman wingi-wingi, kacariyos dumadosipun pêkên Barakan wau sampun pintên-pintên dasa taun laminipun, têtiyang kathah sami amastani: pêkên tiban, nanging tiban kadospundi inggih botên cêtha, kajawi namung sumêrêp-sumêrêp ing ngriku lajêng wontên têtiyang sêsadean wanci byar enjing, botên wontên ingkang ngêdêgakên, dintênipun nuju Jumungah Kliwon, wontênipun tiyang sêsadean kados makatên malih inggih pêndhakipun Jumungah Kliwon malih, botên wontên ingkang akèn, dados sami saking kajêngipun piyambak, namung sadaya sêsadeanipun awarni têtêdhan thok mêntah matêng, makatên salaminipun, mila têtiyang kathah lajêng sami mastani pêkên tiban wau, manggènipun sapinggiring dhusun Barakan. Pêkên wau lajêng nama pêkên Barakan, saya dangu lajêng dados papan pakaulan utawi pamidhangan têtiyang padhusunan sacêlaking ngriku. Badhe kasambêtan.

P.K. 585.

[Grafik]

Sawangan ing dhusun Sarangan, Madiun.

--- 770 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Itali tuwin Ngabêsi

Kawontênanipun nagari kêkalih ing Itali tuwin Ngabêsi, punika pinanggihipun dèrèng gumathok, sakêdhap wontên pawartos badhe rukun, sakêdhap malih wontên pawartos malah dados pasulayan. Ingkang makatên punika kenging kangge tôndha bilih manah ingkang sampun pinggêd, punika angèl sagêdipun pulih kados wingi uni.

[Grafik]

Wadyabala Itali bôngsa Aprikah ingkang botên ngangge tatanan.

Ing bab bidhaling wadya Itali dhatêng tanah Ngabêsi punika pinanggih tansah lumintu, sanadyan kacariyos namung kangge anjagi tata têntrêm, nanging nyatanipun botên adamêl pangandêling ngakathah.

Mirid kawontênanipun têtiyang bôngsa Itali, punika golonganing tiyang hawa asrêp, tamtunipun ing bab tumindakipun ing damêl wontên tanah Aprikah inggih mêksa ragu-ragu, dening kawontênanipun ing ngriku sarwa beda, kados ta hawanipun, ambah-ambahanipun tuwin sanès-sanèsipun malih. Nanging tumrapipun Itali ingkang pancèn sampun gadhah jajahan wontên ing tanah ngriku, tumindaking rekadaya ingkang kangge nanggulangi pakèwêd wau, botên kêkirangan sarana, malah lajêng sagêd kasambadan dening pambiyantuning ngakathah, inggih punika sarêng wontên pawartos, Itali badhe pasulayan kalihan Ngabêsi, lajêng kathah sangêt têtiyang siti ing sakubêngipun sagantên abrit tuwin lautan Indhiya sami gadhah panêdha dados saradhadhu. Têtiyang ingkang gadhah panêdha wau ingkang kathah bôngsa Arab, golongan tani saking laladan Inggris ing tanah Somali, tuwin taksih wontên sanès-sanèsipun malih sami gadhah panêdha makatên.

--- 771 ---

Sarêng têtiyang wau dipun pitakèni, sababipun punapa dene sami malêbêt dados saradhadhu, wangsulanipun nêdya malês sakiting manah dhatêng bôngsa Ngabêsi ing tapêl watês Itali.

Dene tumrap Itali, ing bab wontêning saradhahu ing tanah kanan keringipun Ngabêsi, namung sarwa mikantuki, amargi pinanggihipun lajêng nyuda waragad kathah sangêt, awit botên ngawontênakên waragad lampah, tuwin sagêd manggih tiyang ingkang sarwa nocogi kalihan kawontênanipun ing tanah ngriku. Dene tumrap daya ingkang langkung wigatos, punika tumrap wijining gêgêthinganipun bôngsa ingkang adhêdhasar sanès agami, tamtu kemawon sagêd amêwahi dêrênging kanêksonipun, inggih punika tumraping bôngsa Arab kalihan bôngsa Ngabêsi, dening sami beda agaminipun.

Manawi tumrapipun Ngabêsi, ing bab rêmbag rukun, pancèn katingal sampun malumah sangêt, namung kantun sumendhe dhatêng juru pamisah, malah sanajan tumrap jajahan ing Owalowal, ingkang lêrêsipun kalêbêt Ngabêsi, ewadene Ngabêsi mêksa sumarah dhatêng panimbanging nagari sanès.

[Grafik]

Pangagênging wadyabala Itali kapalan bôngsa Aprikah.

Manawi angèngêti sêsulaking pasulayan rêmbag, kados-kados angèl lajêng sagêdipun sirêp, awit ngrika-ngriki sêmunipun tansah matrapakên kaprayitnan, mila tumraping Ngabêsi botên lêpat anggèning tansah nyantosakakên wadyabala, malah sanadyan para èstri pisan, botên kalangkungan sami dipun cakakên ing damêl. Manawi dipun tingali [ti...]

--- 772 ---

[...ngali] sabrebetan, tindakipun Ngabêsi ingkang kados makatên punika katingal anggèning sajak masesa dhatêng tiyang èstri, ingkang lêrêsipun botên gadhah wajib kados makatên, nanging manawi dipun raos lêbêt, ingatasing raos ingkang nêdya murinani, punika jalêra èstria, ugi sami kadunungan. Makatên malih tindak makatên wau botên namung pinanggih wontên Ngabêsi piyambak, sanadyan praja sanès, kados ta Ruslan, Polêm tuwin Tiongkok sisih êlèr inggih anggadhahi prajurit èstri, malah ingkang kathah sami kênya pangajaran.

Pangintêning sanès dhatêng Ngabêsi punika pinanggihipun saya ngêntêpakên bilih Ngabêsi pancèn nyantosakakên yêktos dhatêng babagan kaprajuritan. Manawi mirid saking pamawasipun bôngsa Itali ingkang wontên ing Inggris, sagêd amastani bilih Ngabêsi anggadhahi sanjata 900.000 iji, sanjata mêsin 1500, motor mawa dêdamêl 7, tuwin mriyêm dharatan 300, môngka pamêlingipun dêdamêl dhatêng Eropah taksih lumintu. Dene wadyabalanipun ing sapunika wontên 700.00. Ingkang makatên punika saèstunipun tumrap Itali botên sagêd namung anampi lômba.

Ing bab kados makatên punika salajêngipun nuwuhakên pangintên, bilih ing têmbenipun, dêdamêl wau tamtu botên namung prêlu kangge nanggulangi dhatêng panêmpuhipun Itali kemawon, ugi wontên raosipun kangge nanggulangi nagari sanès-sanèsipun. Tuwuhing pangintên ingkang kados makatên wau lajêng nyrèmpèt dhatêng Jêrman, awit Jêrman lajêng kenging pandakwa ingkang ambiyantu kasantosaning dêdamêl Ngabêsi, tuwin lajêng kagathukakên, ing bab tumindaking pitulungan wau sarana nyambut, badhe dipun bayar saking wulu pamêdaling siti, awarni kopi tuwin sanès-sanèsipun. Pandakwa ingkang kados makatên wau sambung rapêting mèmpêr, saya malih manawi angèngêti anggèning Jêrman ing môngsa punika sawêg dados ucap wontên Eropah, punika tumrapipun ingkang botên rêmên dhatêng Jêrman, tamtu lajêng nêtêpakên kados makatên.

Pamawasing sanès inggih punika Inggris tuwin Prancis, tansah mrayogakakên supados Itali kalihan Ngabêsi punika rukun kemawon, malah tumrap Inggris, sakalangkung mrayogakakên dhatêng Itali, supados botên ngêcèh-êcèh kêkiyatan wontên ing Ngabêsi, ngèngêtana bilih ing Eropah piyambak inggih anggadhahi kasamaran dhatêng tumêmpuhing bêbaya, inggih punika samôngsa Jêrman nêmpuh dhatêng Ostênrik. Dados prêlu adamêl kasantosan wontên nagarinipun piyambak.

Miturut pawartos ingkang wêkasan, bab pasulayan punika pancèn dipun angkah sirêpipun, saha Sang Mussolini sampun amasrahakên rêmbag dhatêng Inggris tuwin Prancis, kantun nawèkakên dhatêng Ngabêsi, punapa anocogi.

Pawartos saking Redhaksi

Langganan nomêr 39.

a. Punggawa dhinês 21 taun 6 wulan, lajêng kakèndêlan jalaran saking ongeschikt, punika miturut Stabl. 1935 No. 209, sagêd angsal wahgel 1/3 blônja, dangunipun 1 taun.

b. Miturut pranatan enggal, botên sagêd angsal pènsiun namung kenging nyuwun ondêrsêtan.

--- [773] ---

[Iklan]

--- 774 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Wawasan Konggrès Perdi

II

Garèng: Kowe kuwi pancèn iya wong sêmbrana Truk, Truk. Nèk gawe gêgambaran kuwi le ora mèmpêr. Tujune aku dudu bangsaning guru utawa jurnalis, upama aku guru utawa jurnalis, kowe aja takon dosa, sida kalakon tak ... gadhèkake ikêtmu têmênan.

Petruk: Lo, aku rak kôndha: ana bangsaning guru utawa jurnalis kang duwe pambêkan: aku pintêr, aku pêng-pêngan, dadi iya ora kabèh. Hla saikine yèn banjur ana guru utawa jurnalis banjur nêpsu, anglairake ora trimane diunèkake mêngkono mau, padhane rak banjur kaya bocah sing lagi padha kumpul-kumpul kae, ujug-ujug ana sing ambêngok: sapa ngêntut. Lo, iki rak banjur kêdakwa bae: pitik sing ngêndhog kuwi, iya sing pêtok-pêtok. Malah mungguhing adat jurnalis sok ana èksêtrane, yakuwi: sok ana bae - dadi iya ora kabèh lo, Kang Garèng - sing ambanthèng cebol aliyas kêmênthus, ngêndêl-êndêlake anggone mêrdika, ora kêna kêpidak layangane sêthithik, banjur ngancam: ati-ati, tak orèk-orèk ana ing layang kabar.

[Grafik]

Garèng: Wiyah, kuwi rak jurnalis sing sêbenggolan kae, sing kêkurangan apa sing arêp dikarang, pungkasane banjur grisik-grisik ana ing pêcêrèn. Wis, wis, Truk, bab kiyi aja kêdawan pangrêmbuge. Saiki caritakna bae, mungguh sing dirêmbug ana ing konggrès.

Petruk: Kang Garèng, saupama aku kudu nyaritakake kabèh apa sing dirêmbug ana ing konggrès kono, kiraku sanadyan têkan mangsane kowe mrungsungi manèh, mêksa iya durung bisa rampung. Awit kowe dhewe rak iya wêruh adating jurnalis nèk ngarang kae bae. Lo, kuwi sok pintêr nyulap, kaya ta: nèk wiwitaning karangane nganggo muni: kanthi cêkak, kuwi karangane malah ngalur-alur dowi kae, kosokbaline yèn ora bisa ngandharake sawijining [sawi...]

--- 775 ---

[...jining] bab kang kanthi talêsih, kuwi lumrahe sok mung dijawil sathithik, sarta banjur nganggo diirah-rahi mangkene: lan sapiturutipun, badhe kapanjangên saupami kaandharna sadaya. Mangkono biasane adating jurnalis nalika ngarang. Adat kang mangkono mau ana ing konggrès têmtune iya ana sing ora lali, sabanjure prakara sing mung: thêk, thêk, thêk, dirêmbug sadhela bae rampung, pungkasane iya banjur ngalur-alur sadawan-dawan kae. Mulane ing kene aku mung arêp nyaritakake putusan-putusan kang wis ditêmtokake ana ing konggrès kono, yaiku: 1e. Nguwatake putusan konggrès kang kapisanan, yaiku kang anêtêpake, yèn kang kêna lumêbu dadi warganing Perdi iku para jurnalis bôngsa Indonesiêr, kanthi ora mawang layang kabar kang diêmbani, nanging bisane klêbu mau iya kanthi disaring (dititipriksa kang sêtiti) dening up bêstiring pakumpulan.

Garèng: Mêngko sik truk, aku tak takon, ingatase ing konggrès ing taun kang kapungkur, uwis ditêtêpake: glothak, ana kok sêmang nganggo dirêmbug barang manèh, kuwi mungguh prêlune kêpriye. Nèk balanjaning priyayi, sanadyan wis diputus: kudu samene, sabên-sabên dirêmbag-rêmbug manèh, kuwi iya mèmpêr, awit anane dhuwit saya suwe saya lôngka. Balik putusan konggrès kang lagi lumaku sataun, kok wis dirêmbug manèh, apa iki ora mung ambuwang wêktu thok bae.

Petruk: Kanggo anêtêpake, apa putusan mau bisa têrus dilakokake apa ora. Awit saiki kiyi jamane lagi angèl lan susah bangêt, siji lan sijining wong ora padha prêcaya-prêcayanan, paribasane: bapa lan anak bae padha dene ora prêcayane. Kayadene Mas Jaya kae bae, nyang anake lanang iya ora prêcaya, buktine: anake lanang yèn ana ing omah buri, ora olèh suwe-suwe, dupèh ... pêngobènge ayu-ayu.

Garèng: Wiyah, kok banjur talencengan mrono barang, nèk iki rak seje bab manèh. Bokmanawa si anak lanang pancèn rada cluthak. Ora, Truk, nalikane ngrêmbug kuwi mau, têmtune iya dêdrêg lan rame bangêt, sabab tumrap jurnalis bangsane dhewe saiki kiyi, isih warna-warna bangêt, anan sing dadi prajurite bangsane dhewe, ana sing dadi balane bôngsa mrèngès, ana sing dadi kurawane turune Rêtna Adaninggar, malah ana sing andhèrèk kangjêng rama ndara guprêmèn kayadene kowe kuwi. Hla kiyi sing dadi ancase mêsthine iya dhewe-dhewe, mulane kalane ngrêmbug sing kêna dadi warga mau, têmtune iya rame bangêt.

Petruk: Cara Banyumase, Kang Garèng, iyah telah. Ewasamono padune ing kala samono wajib tak alêm sabab ora ana sing nyêrikake ati. Malah sing ora cocog babarpisan anane jurnalis bangsane dhewe kang nyambutgawe ana ing layang kabar liya, ditômpa dadi warga Perdi, suwe-suwe nèk kanthi mèsêm anjabêl têmbunge le ora cocog mau, malah banjur mupakati kabèh jurnalis bangsane dhewe lumêbu [lu...]

--- 776 ---

[...mêbu] dadi warga, anggêre bae kanthi disaring sing têmênan.

Garèng: Sokur, ta, nèk putusane mêngkono, awit tumrape jaman saiki sabênêre akèh bae para jurnalis bangsane dhewe, sing pancèn pêng-pêngan lan trêsna barang bôngsa lan tanah kalairane, kapêksa banjur nyabut gawe ing layang kabar sing dudu duwèke bangsane dhewe, sababe ora liya, ing layang kabar duwèke bangsane dhewe ora ana panggonan. Wis, Truk, saiki putusan kang kapindho, caritakna.

Petruk: 2e. Nêtêpake mosi, kang bakal katur ing pamarentah, supaya jurnalis bangsane dhewe kang ana ing pakunjaran bisaa olèh pangupakara kang bêcik.

Garèng: Sanajan dudu wajibku cawe-cawe melu ngrêmbug Truk, ewasamono aku mupakat bangêt anane mosi kiyi, pancène iya kudu mêngkono, têgêse: kudu dibedak-bedakake pangukume jurnalis sing kaluputan, karo ... wong nyolong pitik upamane, cêkake kudu dibedakake karo bangsane durjana. Kayadene bangsaning durjana, kaya ta: maling, kècu, rampog, tukang ngobong omah, tukang matèni uwong, lan sapêpadhane, kuwi rak wis gênah wong ala, kang mung arêp gawe kapitunaning liyan thok bae, kuwi wajibe iya diukum sing têmênan kae. Dadi saupama banjur ditutup ing tembok papat ajêgan, tur mung diwènèhi pangan sing mung anggêre bisa urip thok bae, lo, kuwi iya ora pati barang-biring, kadar lagi diukum, jalaran saka anggone tindak: dur mau, balik kasalahaning jurnalis, kuwi sing akèh-akèh rak saka suwarane sing: slip, dadi rak durung karuwan yèn pancèn wong ala. Dadi saupama pangukume banjur dipadha bae karo wong nyolong dhèng-dhèng mêntah upamane, sing pancèn sawijining tindak kang anjênêsi bangêt, lo, kuwi aku kok iya ora mupakat, dhing. Tumrape bangsaning jurnalis, diilangake kamardikane bae, wis jênêng ukuman sing sasayahe kae, Truk.

Petruk: Kang mangkono iku nagara pancèn iya wis nguningani piyambak. Buktine: saiki para jurnalis sing padha diukum, pangupakarane ana ing sajêroning pakunjaran, wis dipadhakake kayadene bôngsa Walônda bae, yaiku: olèh papan paturon kang kêpenak, lan pangan kang enak. Sing rupa ukuman mung anggone ditutup ana ing pakunjaran, dadi iya anggone ilang kamardikane.

Garèng: Hla, nèk mêngkono, saikine nèk ana jurnalis kêpengin pakansi, kanthi lèkêr kosondhêr ongkos, mangan enak, turu kepenak, iya gampang ane, anggêre gêlêm main obral pèrêsdhèlik, sadhela bae iya bisa lêmu.

Petruk: Wiyah, kok le sêmbrana mêngkono, apa kok kira sênêng atine, sanajan pangane bêstik-bêstikan lan turune pir-piran, yèn andina-dina mung nganggur bae, apa prasasat sapi sing lagi dilêmèni.

--- 777 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKI.

Ambikak pamulangan napêl kapal. Ing Surakarta sampun kalampahan ambikak pamulangan napêl kapal, dipun jênêngi utusan dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana, utusan dalêm Sampeyan Dalêm K.G.P.H.A.A. Mangkunogoro,Mangkunêgoro. para agêng Jawi Walandi, punapadene wêwakiling sêrat-sêrat kabar. Mênggahing bab wontênipun sêkolahan punika, tuwuhipun agêgayutan kalihan nalika paduka Nyonyah de Jonge rawuh ing Surakarta kêtarik dening nguningani tataning angayomi sato kewan. Wosipun tumindaking pamulangan ngriku anênuntun dhatêng tindak awêwaton kawruh bab babagan napêl tuwin sanès-sanèsipun.

[Grafik]

Padvinder kêkalih lêlana dhatêng Hindia. Kawartosakên, padvinder kêkalih, Hasan lan Husin (padvinder pang Natipaij ing Medan) kados kacêtha ing gambar, anglêlana dhatêng Hindia. Ingkang minangka sangunipun, wontên sauruting margi mitontonakên kasagêdanipun sulap lan sêsadean gambar-gambar padvinder punapadene sanèsipun malih.

Lulus saking Deventerschool Sêmarang. Lulus examen saking Deventerschool Sêmarang: Kasumi, R.r. Kartini, R.r. Siti Sunarlin, M.r. Rupiah, R.r. Kunadi Rusi, R.r. Sutiksi, R.r. Salmah, Salèh-Siti Zainab, R.r. Kusiah, M.r. Suparti, M.r. Jaetun, R.r. Siti Sahariah, R.a. Sri Rêjêki. Lulus ing bab babagan nyêpêng balegriya: R.r. markati, R.r. Sri Harmirah, R.r. Suprisi, R.r. Susmini, R.r. Suyati, Lina Mustal, M.r. Sumiati, M.r. Siti Mariam, M.r. Suherlin, M.r. Mukarja, R.r. Sumari, R.r. Sucihati (Jêmbêr), M.r. Sudarti.

Lulus saking A.M.S. afd. B. ing Ngayogya. Ingkang lulus exsamen wêkasan saking A.M.S. afd. B ing Ngayogya: P. Barend, Bokokusumo, Go Gian Nio, Ibnu Sabar, Juwono, Sukisno, Supraptie, M.R. Srihuyun, Yap Joen Nio, R. Amirsidi, F.X. Katijo, W.F. Maatman, Muradi, M.R. Rarasati, Subroto, Sujono, Suhardi, Sartomo, R.M. Sutarno tuwin Sri Tanjung Pamêkas.

Cidra amanggih bêbaya. Ing kampung Widuran, Surakarta, wontên bangsa Tionghoa nyolong stroom lestrik sarana migunakakên kawat piyambak, kawat wau kalêbêtakên dhatêng jamban. Ing wêkdal punika bangsa Tionghoa wau katamuan, tamu nalika dhatêng jamban sumêrêp kawat kumlèwèr lajêng dipun cêpêng badhe dipun singkirakên, nanging lajêng kenging daya lestrik sakalangkung kiyat. Ingriku wontên tiyang èstri badhe mitulungi, lampahipun ngangge thèklèk, nanging ugi taksih pasah kenging daya lestrik. Sarêng hoofdleiding kabikak, tamu wau sawêg sagêd uwal nanging sampun tiwas. Wusana sadaya sami kabêkta dhatêng griya sakit.

Pabrik dlancang ing Borneo. Wontên pawartos, ing Sangkulinang, Borneo, wontên bangsa Jêpan badhe ngêdêgakên pabrik dlancang, apawitan 2 yuta yèn. Ing bab badhe adêging pabrik dlancang punika pancèn sampun dados rêraosan dangu, nanging dèrèng angsal palilah saking parentah. Samangsa pabrik punika ngadêg, badhe ngangge mêsin-mêsin wêdalan Jêpan saha badhe dipun tindakakên dening bangsa Jêpan ingkang ahli.

Koloniale Bank kapitunan. Miturut palapuran taun 1935 Koloniale Bank tumrap ing tanah ngriki nandhang kapitunan f 1.092.677. Nanging tumrap nagari Walandi anggadhahi bêbantên kathah. Kapitunanipun wau badhe dipun tambêli arta sadhiyan.

Ambachtsleergang ing Ngayogya kêbanjiran murid. Tumrap pangajaran ing Ambachtsleergang mawi basa Walandi ingkang badhe tumindak punika wontênipun lare-lare ingkang gadhah panêdha dados murid wontên 200. Sadaya wau bangsa Walandi tuwin tiyang siti. Nanging kêpêksa kathah ingkang botên katampèn, amargi muridipun dipun watêsi namung 70. Nanging tumrap pamulangan kados makatên ingkang botên mawi pangajaran basa Walandi taksih wontên panggenan.

Bupati Lumajang. Dumugining tanggal 30 Mèi kêpêngkêr, panjênêngan Radèn Adipati Arya Kartoadirêjo, anggèning ngasta pakaryan praja jangkêp 40 taun. Panjênênganipun wau wiwit ngasta damêl sapisan kala tanggal 30 Mèi 1895 ugi wontên ing Lumajang, dados juru sêrat patih, inggih punika kapetang pangkat ingkang andhap piyambak. Ing sapunika sarêng jumênêng bupati inggih wontên Lumajang, kapetang pangkat ingkang inggil piyambak.

Parêpatan S.S. Kawartosakên, chef exploitatie S.S. Westerlijnen tuwin pangagêng-pangagêng S.S. Jawi Kilèn badhe parêpatan wontên Surabaya, pêrlu rêrêmbagan kalihan golongan S.S. Jawi Wetan. Parêpatan ingkang kados makatên wau ingkang sampun-sampun dipun wontênakên ing Ngayogya, pêrlu mêndhêt têngah-têngahipun. Dene anggènipun sapunika kawontênakên ing Surabaya, pêrlu badhe ngrêmbag ing bab babagan Jawi Wetan, amargi tumrap Jawi Wetan ugi badhe nindakakên pangiridan kados Jawi Kilèn, mila kamanah prayogining pangrêmbag wontên Surabaya.

--- 778 ---

Leerling translateur. Miturut pawartos, R.W. Kusno Harjomijono, juru sêrat kantor karesidhenan Sêmarang, kadadosakên leerling translateur ing Ngayogya.

Congres Kasarasan ing Australie. Awit saking usulipun parentah tanah ngriki dhatêng Ministêr Jajahan, benjing congres Kasarasan ingkang dipun wontênakên ing Australie, tumrap wêwakil tanah ngriki badhe miji Dr. H. de Rook, inspecteur babagan Kasarasan ing Makasar. Bidhalipun kintên-kintên wontên wulan Augustus. Ing sabibaring congres, wontên tiyang 200 mampir ing tanah Jawi badhe dhatêng Inggris.

Pabrik tênun agêng. Miturut pawartos, ing Jawi Wetan badhe wontên bangsa Arab, nama Tuwan Martak ngadani damêl pabrik tênun agêng, dipun dêgakên wontên ing Pacêt. Ing sapunika sampun mêling mêsin tênun 600 iji, tuwin mêsin sanès-sanèsipun 200 iji. Manawi kasêmbadan, badhe sagêd nyukani padamêlan dhatêng têtiyang 3000. Pabrik wau sampun wiwit kagarap.

Cobèn-cobèn jampi mêdhot sês. Wontên pawartos, griya sakit zending Emanuel ing Bandung badhe nindakakên cobèn-cobèn nyarasakên tiyang sês (nyêrèt), miturut tatanan ingkang tumindak ing Tiongkok, saha sampun pinanggih prayogi. Tumindakipun, tiyang ingkang sês sabên dintên dipun têdhani jampi lecithine. Sasampunipun tumindak makatên, padatan manawi sampun tigang minggu, tiyang ingkang dipun jampèni sampun botên purun sês malih. Jampi wau wontên momoranipun bangsaning kecap.

Kuburanipun J.P. Coen. Commissie ingkang nindakakên damêl madosi kuburanipun J.P. Coen, mêntas manggihakên kuburan-kuburan kina ingkang jêmbaripun 8x9 m. Ingriku nuwuhakên pangintên bilih kuburanipun J.P. Coen inggih wontên ngriku. Pasitèn ngriku badhe dipun dêgi tandha pangèngêt-èngêt. Nanging bab punika taksih kandhêg wontên ing rêraosan.

H.I.S. Pasundan. Kawrat kêkêncingankêkancingan. saking Departement Pangajaran, Pasundanschool ing Purwakarta kaparêngakên nama H.I.S. Dados tumraping murid anaking punggawa nagari angsal kindertoelage.

Utusan Magêlang. Awit saking ada-adanipun para priyantun sawatawis ing Magêlang, sampun sagêd ngêdalakên advertentie blad, dipun namakakên "Oetoesan Magelang". Wêdalipun sawulan kaping tiga, salêmbaripun rêgi 3 sèn.

Tiwas dening anggènipun tapa. Ing dhusun Kagokên, bawah asistèn wêdana Gatak, Surakarta, wontên tiyang kalih kakang adhi, sami anakipun kapala dhusun Kagokan. Sadhèrèk ingkang sêpuh cariyos badhe tapa mêndhêm, adhinipun ingkang kapurih mêndhêm, sakawit botên purun, nanging sarèhning dipun pêksa, inggih dipun pituruti. Enjingipun pêndhêmanipun dipun tuwèni, pinanggih taksih gêsang, nanging ingkang wontên pêndhêman nalika sumêrêp dipun tuwèni malah muring-muring, gadhah panêdha sampun dipun tuwèni malih. Wusana sanès dintên ing ingriku wontên ganda botên eca, sakawit dipun kintên bathang tikus. Sarêng wontên sagawon ngêmbus-êmbus dhatêng papan pêndhêman, adhinipun sawêg èngêt, pêndhêman lajêng kadhudhuk, kakangipun pinanggih sampun pêjah. Miturut papriksan doktêr, pêjahipun jalaran kêplêpêgên.

Klèntu panampi. Ing Blitar kathah tiyang pitakèn, punapa rêdi Kêlut badhe anjêblos. Mênggah têrangipun, bab makatên punika namung saking klèntuning panampinipun ingkang sami mirêng. Têrangipun, ingajêng pangagêng nagari nate ngrancang tatanan pitulungan samangsa wontên bêbaya saking rêdi Kêlut. Rancangan wau kêwadalakênkawêdalakên. wujud buku, mawi wêwarah "Awas lahar". Wusana adamêl klèntuning panampi.

Pêsakitan ingkang agêng dayanipun. Sampun sawatawis dintên, mantri pulisi Klêpu (Malang) sampun nyêpêng tiyang mirudo nama Cêmul griya ing dhusun Klêpu, ingkang kadakwa salêbêtipun wulan April ing wanci dalu sampun mêjahi kêpenakanipun piyambak ing têngah kêbon karèt onderneming bawah kêmantrèn Klêpu. Mirudanipun Cêmul wau kalihan ingkang èstri nama Sasi al. Ibusêkar, ingkang kawartosakên gadhah prewangan tiga nama Gus Cung, Lasti lan Lumari pêrlu kangge nglampahakên padhukunan. Ing dintên kêcêpêngipun Cêmul dalasan Sasi, tiyang ingkang ningali ngantos ewon, pêrlu kapengin sumêrêp wujudipun tiyang kalih wau, ngantos tigang dintên botên kêndhat tiyang ningali. Kauling pulisi lan têtiyang dhusun saking bingahing manah, sanalika sami dipun luwari kanthi ngawontênakên têtingalan lan wilujêngan warni-warni. Wontênipun sami kaul wau, jalaran kawartosakên bilih sasi sagêd ngical. (P)

Pajagèn ing lautan. Ing sapunika ing Surabaya kawontênakên pajagèn enggal babagan lautan. Kapal marine Arend kapapanakên wontên Surabaya, kangge têlênging papan pajagèn, niti ing bab lampahing juru misaya ulam. Kapal Valk dados kapal pambujêng candhu pêtêng. Wontênipun tindak makatên, jalaran kakintên kathah lampah salingkuh bab babagan candhu, pangintên wau ugi tumuju dhatêng juru misaya ulam bangsa Jêpan. Malah ing laladan Tiouw sampun nate pinanggih wontên kambang ingkang inglêbêt dipun bandhuli candhu pêtêng ing êblèg. Mila lajêng ngawontênakên pajagèn kados makatên.

EROPA.

[Grafik]

Mandhap saking kapal mabur. Inginggil punika gambaripun Tuwan Schmidt bangsa Rus, sarana pirantos, mandhap saking kapal mabur ingkang gêgana inggilipun 1500 m. wilujêng botên kirang satunggal punapa.

--- 779 ---

Wêwaosan

Wangsulipun Tarsan.

Piridan saking buku karanganipun Tuwan Edgar Rice Burroughs.

22

Kala samantên ujug-ujug wontên angin agêng dhatêng ngombulakên pasir, ngantos adamêl garinging lambenipun Tarsan angalingking. Ing wusana papan sakanan keringipun ngriku katingal botên nyênêngakên sangêt. Awit katingalipun namung siti ngilak-ilak, ing ngrika-ngriki wontên gumukipun ingkang gundhul babar pisan, sarta gêgrumbulan ingkang sampun garing. Dene ing sisih kidul têbih katingal therekaning rêdi atlas, ningali kawontênan ingkang makatên wau, ing batos Tarsan tansah anggagas, dene têka beda sangêt kalihan kawontênanipun ing Aprikah, inggih punika papan padununganipun kala taksih alit, ingkang katingalipun sarwa loh jinawi.

Mênggahing Abdul, ingkang samargi-margi tansah prayitna, sakêdhap-sakêdhap ningali dhatêng wingking, punapadene dhatêng ngajêng. Manawi lampahipun kalêrês dumugi ing pucaking gumuk, kapal ingkang dipun tumpaki lajêng dipun pêkak, saha ujug-ujug lajêng wangsul prêlu aniti priksa kawontênanipun margi ingkang mêntas dipun langkungi, bokmanawi wontên bêbaya ingkang badhe andhatêngi.

Salajêngipun, Abdul nuntên cariyos makatên: mugi sami panjênêngan priksani, ing wingking wontên tiyang numpak kapal nêm cacahipun amurugi mriki.

Sêmu ngece Kadur bin Sadên, wicantên dhatên Tarsan: Tuwan bokmanawi têtiyang ingkang dhatêng punika para mitra panjênêngan kalawingi sontên.

Tarsan amangsuli: Kintên kula inggih makatên. Kula rumaos kêduwung sangêt, dene jalaran saking kula, lampah panjênêngan badhe kaancam ing bêbaya. Ing dhusun ngajêng punika kula badhe ngantun, prêlu badhe takèn dhatêng têtiyang punika mênggahing pikajênganipun. Salêbêtipun kula ngantun wontên ing dhusun ngriku, panjênêngan sapandhèrèk, kula aturi nglajêngakên lampah. Kula piyambak botên prêlu dumugi ing Busaadah mangke sontên, langkung malih manawi panjênêngan jalaran saking kula, lampah panjênêngan badhe tansah manggih godha rêncana, kados langkung utami manawi kula botên sêsarêngan kalihan panjênêngan kemawon.

Kadur bin Sadên: Manawi panjênêngan badhe ngantun, kula sadaya tumut kemawon. Kula sadaya botên nêdya pisah kalihan panjênêngan sadèrèngipun panjênêngan sagêd kêmpal malih kalihan para mitra panjênêngan kanthi wilujêng, utawi: kula sadaya purun nilar panjênêngan, namawi sampun têtela, bilih mêngsah panjênêngan wau sampun botên tut wingking panjênêngan malih, bab punika botên prêlu karêmbag malih.

Tarsan namung manthuk kemawon. Awit piyambakipun punika botên kathah rêmbagipun. Bokmanawi inggih jalaran saking anggènipun Tarsan botên sugih ginêm wau, Kadur bin Sadên lajêng anggadhahi trêsna dhatêng piyambakipun, awit mênggahing bôngsa Arab, sajatosipun sêngit sangêt dhatêng tiyang jalêr ingkang juwèh.

Salajêngipun ing dintên punika Abdul sumêrêp, bilih tiyang nêm ingkang sami numpak kapal wau lampahipun tansah tut wingking, botên anêbihi lan ugi botên anyakêti. Manawi Tarsan sakônca wau kadhangkala kèndêl ngaso, têtiyang nêm punika botên lajêng nyakêt, nanging inggih lajêng tumut kèndêl ngaso wontên ing katêbihan.

Kadur bin Sadên: Têtiyang punika bokmanawi kemawon angêntosi manawi sampun pêtêng.

Ing wusana lampahipun dèrèng ngantos dumugi ing Busaadah sampun sami kapêtêngan ing margi. Nalika badhe pêtêng wau, ingkang dipun sumêrêpi pungkasan dening Abdul, bilih tiyang nêm punika murugi kanthi rikat sangêt. Ing bab punika piyambakipun lajêng suka sumêrêp dhatêng Tarsan sarana bisik-bisik, murih sampun ngantos kamirêngan dening lare èstri, inggih juru dhangsah kasêbut ing ngajêng, awit dipun kuwatosakên bilih lare èstri wau lajêng ajrih. Lampahipun Tarsan lajêng anjèjèri Abdul saha nuntên wicantên dhatêng Abdul makatên:

Anggonmu nunggang jaran tumuli ngumpula karo liya-liyane ing ngarêp kana, iki prakaraku. Ana panggonan kang bêcik aku nêdya ngêntèni wong-wong kae prêlu arêp tak takoni mungguh kang dadi karêpe.

Abdul amangsuli: Manawi makatên ingkang dados krêsa panjênêngan, kula ugi badhe andhèrèk ngêntosi.

Pikajêngipun Abdul ingkang samantên wau, botên kenging dipun pênging, sanajan Tarsan kalampahan ngancam dhatêng piyambakipun. Sanadyan ngantos dumugi ing pêjah, sêdyanipun Abdul botên badhe pisah kalihan bandaranipun.

Tarsan: Nèk mêngkono, iya bêcik. Iki ana panggonan kang prayoga kanggo ngêntèni wong-wong kae. Ing pucaking gumuk iki akèh karange. Kowe lan aku padha umpêtan ing kene. Ngatone ing mêngko yèn wong-wong kae wis têkan ing kene.

Tiyang kêkalih wau lajêng mandhap saking kapalipun, kônca-kancanipun ingkang sami numpak kapal wontên ing ngajêng, jalaran saking pêtêngipun, [pêtêngi...]

--- 780 ---

[...pun,] sampun botên katingal malih. Saking papan ngriku padhanging dilah ing Busaadah sampun katingal kêlip-kêlip. Ing kala punika Tarsan lajêng nyadhiyakakên sanjata tuwin pistulipun. Piyambakipun suka prentah dhatêng Abdul supados umpêtan kalihan kapalipun piyambak tuwin kapalipun Tarsan wontên ing sawingkinging karang curi. Prêlunipun, manawi mêngsah ingkang andhatêngi wau nglêpasakên sanjatanipun, Abdul lan kapal kalih wau sagêda wilujêng dening kaalingan ing karang curi wau. Abdul rewa-rewa kados mituruti punapa ingkang dados prentahipun Tarsan. Nanging sasampuning piyambakipun nancang kapal kalih wau wontên ing nguwit ing salah satunggiling garumbulan sacakêtipun ngriku, piyambakipun lajêng enggal-enggal wangsul malih saha lajêng ungkêb-ungkêb wontên ing sawingkingipun Tarsan, kintên-kintên kalih pêcak têbihipun.

Kala punika Tarsan angêntosi wontên ing têngah-têngahing margi kanthi ngadêg anjêjêr, nanging piyambakipun botên prêlu ngêntosi dangu. Suwaraning kapal ambadhangambandhang. ujug-ujug kamirêngan saking pêpêtêng ing sangandhaping gumuk ngriku, lan botên watawis dangu Tarsan sumêrêp wontên tiyang sawatawis mangangge-angge sarwa pêthak anyakêti mriku.

Tarsan: Mandhêg, mangke kula sanjata.

Têtiyang ingkang sami mangangge sarwa pêthak wau, ujug-ujug lajêng grêg kèndêl, lan sakêdhap botên wontên sabawa punapa-punapa. Salajêngipun nuntên kamirêngan suwaraning tiyang bisik-bisik, lan botên watawis dangu kadosdene lampahing dhêmit, têtiyang wau lajêng sumêbar dhatêng ing pundi-pundi. Salajêngipun ing papan ngriku nuntên sidhêm malih. Nanging sidhêmipun wau ngandhut bêbaya.

Ing kala punika Abdul linggih jèngkèng sumadhiya, dene Tarsan anilingakên kupingipun kadosdene pakulinanipun nalika taksih wontên ing wana grêng ing Aprikah, manawi kalêrês wontên ing salêbêting bêbaya, lan botên watawis dangu malih piyambakipun mirêng suwaraning kapal bêbandhangan saking kiwa têngên. Ing samangke Tarsan tuwin Abdul angrumaosi kakêpang ing mêngsah. Saking papan ingkang dipun awasakên, dumadakan wontên suwaraning sanjata, lan lampahing mimis mèh ngèngingi ing sirahipun Tarsan. Salajêngipun Tarsan lajêng anglêpasakên sanjatanipun wontên ing prênahing gêbyaripun sanjatanipun mêngsah.

Sanalika ngriku lajêng kamirêngan suwaraning sanjata rambah-rambah saking pundi-pundi. Tarsan sarta Abdul anggènipun nyanjata namung dhatêng prênahing gêbyaripun sanjataning mêngsah kemawon. Awit ing kala punika mêngsahipun dèrèng sagêd katingal. Botên watawis dangu pangêpangipun mêngsah saya rapêt, awit mêngsahipun wau lajêng sumêrêp, bilih ingkang katêmpuh punika namung wontên tiyang kalih.

Nanging salah satunggiling mêngsah wontên ingkang sakalangkung cakêt, ing môngka mênggahing Tarsan, wontên salêbêting wana sampun kulina anêningali ing pêpêtêng, amila sarêng mêngsah wau ragi cêlak sawatawis, inggih lajêng sumêrêp, lan sanalika punika piyambakipun inggih lajêng nglêpasakên sanjatanaipun. Kanthi ambêngok pun mêngsah tumuntên dhawah pêjah ing siti.

Kanthi gumujêng Tarsan awicantên dhatêng Abdul: Mungsuhe saiki wis rada timbang, Abdul.

Nanging mênggah sanyatanipun dèrèng paja-paja nama timbang, jalaran mêngsahipun taksih wontên tiyang gangsal, ingkang lajêng anêmpuh wani. Ing sêmu Tarsan tuwin Abdul sampun botên badhe sagêd ananggulangi panêmpuhing mêngsah punika, lan pêrangipun alit-alitan wau botên dangu malih têmtu lajêng kèndêl, nanging ing kala punika Tarsan tuwin Abdul lajêng enggal-enggal lumajêng dhatêng ing sawingkinging karang curi, murih sagêda angajêngakên mêngsahipun sadaya, lampahing kapal saya anyakêti, lan sanjataning mêngsah sakêdhap-sakêdhap katamakakên. Salajêngipun mêngsah tumuntên mundur prêlunipun badhe amangsuli malih caranipun anêmpuh kados ing ngajêng, nanging mêngsahipun samangke kantun tiyang sakawan.

Sasampunipun punika, dangu botên kamirêngan suwara punapa-punapa, ing wêkdal punika Tarsan botên sagêd amastani, punapa mêngsahipun wau mundur babar pisan, jalaran sampun kecalan kônca kalih, punapa nêdya nyêgat wontên ing margi ingkang anjog dhatêng Busaadah. Nanging manahipun Tarsan ingkang sêmang-sêmang wau botên dangu, awit saking katêbihan kamirêngan wontên panêmpuhan enggal. Ing sêmu mêngsahipun wau dipun têmpuh saking wingking dening têtiyang sanès.

Mêngsahipun Tarsan wau botên angêntosi panêmpuhipun têtiyang ingkang nêmbe dhatêng punika, saha lajêng tinggal gêlanggang colong playu, mênggah lumajêngipun wau nuju dhatêng Siddi Aisah. Dene botên watawis dangu ingkang katingal dhatêng: Kadur bin Sadên sakancanipun.

Bingahing kêpala bôngsa Arab wau tanpa upami, sarêng nyumêrêpi, bilih Tarsan tuwin Abdul taksih sami wilujêng botên kirang satunggal punapa, malah kapalipun kemawon botên tatu babar pisan. Salajêngipun têtiyang wau lajêng sami ngupadosi mêngsah kêkalih ingkang kenging sanjatanipun Tarsan, nanging sarêng nyumêrêpi, bilih tiyang kêkalih wau sampun pêjah, lajêng dipun lêstantunakên gumlethak wontên ing ngriku kemawon.

Kanthi sêmu nêpsu Kadur bin Sadên apitaken dhatêng Tarsan, kenging punapa panjênêngan botên angandika bilih panjênêngan kagungan sêdya badhe anêmpuh têtiyang wau. Saupami ngandikaa dhatêng kula, têmtunipun mêngsah sadaya wau sagêd katumpês babar pisan.

Tarsan amangsuli: Sajatosipun kula pancèn nyingkiri sampun ngantos panjêngan sakônca tumut-tumut, awit punika prakawis kula piyambak. Kajawi punika, panjênêngan kula aturi ngèngêti dhatêng putra-putri panjênêngan, manawi panjênêngan ngantos tumut anêmpuh mêngsah, têmtunipun putra-putri panjênêngan sagêd kaancam ing bêbaya. Ing môngka piyambakipun punika mêntas kemawon luwar saking bêbaya. Punapa inggih botên mêsakakên. (Badhe kasambêtan).

--- 93 ---

Nomêr 24, taun V

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu.

Papa bisa dadi Nata.

Karanganipun: R. Kunta Sudarsana, lan R. Jaka Sugyanta.

III.

Sinom

kocap Si Kadim samana / atine mandhêg tumolih / anggagas sing ora-ora / wasana nuli marani / ngisoring wit waringin / ayom kèh sulure singub / wayahe bêdhug awan / panase bantêr nyumuki / Kadim nuli nglekar ana ing sukêtan //

wêruh manuk pirang-pirang / mangani wohing waringin / menco jalak platukbawang / johan bèthèt thilang glathik / swarane ting kêcuwit / mawurahan rame umyung / prasasat bagèkêna / lan kaya awèh pamuji / marang Kadim bocah lola kang sangsara //

tuwuh atine anggagas / e manuk iku kok urip / saka adiling Pangeran / sêgêr kuwarasan bêcik / sênêng sêmune aring / Kadim atine kumênyut / wêruh jambu dêrsana / gêdhe-gêdhe matêng nguwit / ora srônta ngundhuhi nuli dipangan //

kasêngsêm gone klekaran / ana ngisoring waringin / samana wis wayah ngasar / wêruh sêndhang diparani / katon banyune bêning / kinclong nyarong nuli adus / atine ngrasa bungah / cêciblon ambethang nglangi / sawatara suwene tumuli mêntas //

katon mêndhung arêp udan / gumandhul kandêl nglimputi / banjur golèk pangeyuban / bali ngisoring waringin / andhêpis mèpèt uwit / andhêpès kalingan sulur / têmahan wiwit udan / amung grimis riwis-riwis / nganti wayah lingsir wêngi lagi têrang //

Si Kadim ora kodanan / keyuban sulur andhêlik / karasa sayah alihan / nglêgèyèh sèndhèn wit ringin / lêr-lêran krasa arip / gêliyêr kêbanjur turu / durung suwe gragapan / tangingetangine. ngandhut kuwatir / wit anggagas impène cêtha gawangan //

katon anane ing kana / mungguh anggone angimpi / pangrasa manggon nèng omah / cilik payon godhong jati / dhoyong angôngkang kali / kapit waringin ngrêmbuyung / linggih ngarêping lawang / ora suwe diparani / uwong loro lanang wadon gita-gita //

wong sing lanang nuli nyandhak / tangane Kadim aririh / mrêbês mili karo ngucap / sarèhna pikirmu dhisik / anakku bocah sigit / mêngko tak kandhani lugu / rungokna sing têtela / pikirmu aja kuwatir / aku ngrêti atimu nandhang rêkasa //

aku lan biyungmu [biyung...]

--- 94 ---

[...mu] iya / nyata uwis padha mati / nanging nggèr kowe wêruha / mung ragane kang wis mati / ning nyawa isih urip / langgêng salawase têrus / manggone salin alam / têkaku ing kene iki / lan biyungmu bangêt kangên mênyang anak //

ora liya saka trêsna / sumurupa nggèr cah sigit / mungguh têtêpe katrêsnan / ora ana kang madhani / luwih manèh ngungkuli / katrêsnane bapa biyung / tumrape mênyang anak / anaa ing alam ngêndi / tansah ngrêksa katrêsnane ora ilang //

aku lan biyungmu mêlas / jumurung tansah mêmuji / dene dhasarmu sanyata / mantêp lan têmêning ati / tatag santosa budi / yakuwi jênêng wong punjul / mula wêlingku poma / narimaa anglakoni / mung aja sok sambat ngadhuh lan ngrêsula //

pikirmu aja sumêlang / aku biyungmu ngrewangi / andêdonga muga-muga / jinurung sing kok karêpi / kudu srana nglakoni / dêdanaa bau suku / kowe nuli mlakua / ngulon bênêr iki bêcik / aja suwe glis mêtua saka ngalas //

Ngulinakake Sato Kewan

Kewan iku sanadyan apaa bae, yèn dikulinakake, banjur bisa ngrêti lan dadi cumbu, upamane asu, kucing, jaran, dalah manuk pisan, iya padha bae.

[Grafik]

Tumrape kucing lan asu, iku upama bisa anjilma iya mèmpêr, awit kulina bangêt karo uwong, prasasat rina wêngi tansah sêsandhingan. Jaran manghonomangkono. uga, jalaran saka kêrêp ditunggangi, banjur dadi kulina karo kang ngingu. Dene manuk, iku lumrahe, anggone anjilma jalaran kagawe saka anggone dipakani.

Naging kabèh mau iya kudu dikulinakake karo bab liya, upamane manuk prêkutut, iku yèn wis kulina, samôngsa dicêthèti banjur manggung: hur kêtêkuk. Ewasamono anggunge mau sok kêndhak, amarga mêntas kagèt wêruh rêrupan utawa krungu suwara kang gawe kagèt.

Dene yèn wis kulina, samubarang kang diwêdèni mau, malah kayadene dadi kasênêngane. Kaya ta kutut kang dikèrèk ana ing sacêdhaking dalan sêpur, iku yèn ora kulina, sabên ana sêpur liwat, iya banjur kubukan, nanging kang wis kulina, samôngsa krungu gumrubuging sêpur liwat malah manggung.

Mangkono uga jaran, iku padha-padha ingon-ingon, kudu dikulinakake marang apa bae, awit jaran iku lumrahe sêsrawungan apa-apa ana ing dalan, aja barêng krungu suwaraning mrêcon bae banjur gilapên.

Kang kacêtha ing gambar, iku jaran-jaran tunggangane para pulisi ing Inggris, kang dikulinakake ngrungu suwaraning musik, prêlune bèn aja kagetan.

--- 95 ---

Bocah Sêkolah Saya Rikat Lakune

Ing dhèk biyèn, bocah sêkolah iku arang kang angkat ulihe nganggo nênunggang, lumrahe padha dharat bae. Tinêmune ing dhèk jaman samana iya kapenak bae, sanadyan lakune bocah sêkolah iku rêkasa, tumrape wong tuwa malah gawe pangarêm-arêm, rêkasaning bocah sêkolah iku malah dadi lakune.

[Grafik]

Suwe-suwe barêng bocah sêkolah sangsaya akèh, banjur ketok, tumrap bocah kang anaking wong kêcukupan utawa anaking priyayi, angkat lan ulihe nganggo têtunggangan, lumrahe kreta utawa bèndi.

Barêng ngêmbrahing sêpedhah, mèh sabên bocah kang sêkolah omahe adoh, padha nunggang sêpedhah. Malah suwe-suwe dadi umum, lan dadi watak pangadi-adining bocah, sabên uwis ngambah sêkolahan, adhakan duwe panjaluk supaya ditukokake sêpedhah.

Ing jamane saiki barêng akèh oto, ora kurang anake wong kacukupan, anggone sêkolah iya nunggang oto.

Mungguh pakolèhe kabèh mau, wose ngrikatake laku. Bêgja bocah ing jaman saiki, nêmoni laku kapenak lan rikat.

Iku durung, malah kang tinêmu ing Eropah, wis ana bocah sêkolah kang angkat ulihe nunggang motor mabur. Nontona gambar.

Pandadaran

[Grafik]

Ing dhuwur iki gambare bocah ing Eropah kang wis disinaoni nyukur lagi didadar kapintêrane.

--- 96 ---

Urun Kojah Bab Ngundha Layangan

Ing kalawarti Kajawèn bagian Taman Bocah kene, mêntas ana kang ngêmot sêsorahe Pak Gathot, ing bab bocah ngundha layangan jaman saiki. Ing mêngko aku urun kojah bab ngundha layangan cara jaman kuna (nalika bocahku) dadi nalika durung sinêbut jaman kamajuan kaya saiki.

[Grafik]

Bocah ngundha layangan.

Dhèk jaman samana, bocah utawa wong tuwa, apadene bôngsa luhur, kêlaku bangêt cara ngundha layangan, mung bôngsa Tyonghwa sapêpadhane ora kêcara. Dene carane ngundha layangan jaman kuna kuwi ora ana sing cara kanggo sangkutan karo mungsuh liya kuwe, apadene kênure nganggo disêdrah utawa digêlas kaya cara saiki kiyi, nanging layangan mau mung dianggo kasênêngan lugu digawe padhêranpanjêran. bae, kênure rami gawean Jawa utawa bênang los wantah, karodene manèh, dhèk jaman samana durung ana kawat tèlepun utawa kawat listrik lan liya-liyane. Sarèhning layangan mung padha kanggo panjêran minôngka sênêng-sênêng, mula sing akèh layangane padha wangun manuk, bapangan, gombyok utawa sinthing, didokoki unèn-unèn jênêng sêndarèn, sing digawe blaraking gêbang, ana ngawang-awang tansah nyuwara ngangkang ambêngung dening katiyub ing angin. Dhèk jaman samana ana sawijining layangan panjêran bisa gawe pangeram-eram, sa-Surakarta mung siji ora ana sing madha, dene sing kagungan sarta iyasa, sawijine bôngsa luhur trah Mangkunagaran, asma Bandara Radèn Mas Arya Pakuningrat putra dalêm Kangjêng Gusti M.N. II. Nêsthane layangan mau kayadene êmpyak omah dhapur limasan satêbak, mungguh ômba sarta dawane kira-kira 8-10 mètêr, sing digawe kênur godhi gawean Jawa, gêdhene kurang luwih sajêmpol dariji sikil wong tuwa, dawane buntutane kira-kira 5-6 mètêr. Mula sabên ngulukake ing môngsa ngundha layangan, sing mèthèk wong 4, sing narik anggujêngi kênure nalika lagi mumbule nganti wong 3-4 saka abote marga sing dianggo daluwang: mori putih blêg. Sawise manjêr ana ngawang-awang, kênur banjur dicancang karo dêlêging wit-witan gêdhe, dawaning kênur 1000 mètêr, mula pancèn diragadi akèh dhasar sarwa kasêmbadan. wayah jajamjam. 7 layangan lagi ditarik mêdhun.

S.W.

--- [0] ---

Sawitri

Anggambarakên antêping tekadipun putri Hindhu ing jaman kina, nêngsêmakên. Minôngka icip-icip ing ngandhap punika pêthikanipun:

[Dhandhanggula]

gêtêr-patêr bumi gonjang-ganjing / lir sêsanti mring Kang Kawisesa / ing kamuksan tumuture / wau ta sang rêtnayu / kagyat mulat janma gêng inggil / muka mrêbabak abang / makutha bra murub / netra sumorot lir surya / pasariran kawuryan anjangês langking / mawa jirêt nèng asta //

tanpa kêdhèp mandêng mring Sawitri / ngadêg jêjêg ana ing dêdagan / Sawitri gita tanggape / nyandhak mastakèng kakung / sinèlèhkên gumuling siti / kanthi manah tab-taban / nyakêt sarta muwus / hèh sintên nêmbe kawuryan / baya pasthi tuwan punika dewadi / rawuh arsa punapa //

wruhanira sirèku Sawitri / ingsun iki iya Sang Hyang Yama / dene praptaningsun kene / arsa ngracut lakimu / dene prapta ing ari mangkin / wus têkèng janjinira / pinulung dewa gung / marma ing mêngko sun arsa / anjirêt mring yitmane lakinta iki / nini sira karia //

wusing nabda Hyang Yama matrapi / ing jêjirêt anulya sinêndhal / apan wus katut yitmane / SatyawatSatyawan (dan di tempat lain). gumaluntung / Sang Hyang Yama nulya ngoncati / marang ing jagad sonya / Sawitri tut pungkur / duk Sang Hyang Yama amulat / angandika paran ta sira Sawitri / dene têka tut wuntat //

lah balia bae sira nini / bêcikana wangkene lakinta / purihên saprayogane / awya sira tut pungkur / apan iku nini tan kêni / Sawitri matur nêmbah / ing pundi sapurug / dununging laki kawula / kula kêdah atut wuri nêdya ngiring / dhuh paran Sang Hyang Yama //

de paduka niaya mring kami / amisahkên mring wong jêjodhoan / ingkang bêkti mring lakine / dene salaminipun / ulun sêtya mring guru laki / mênggah musthikèng gêsang / kasucian iku / môngka raose tyas amba / manggung ngudi satatèng utamèng budi / punapaa mangkana //

angandika Hyang Yama Dipati / hèh Sawitri sira aywa gêndhak / marang lakuningsun kiye / bênêr kabèh wuwusmu / kanthi tulus alusing budi / marmane ingsun rila / nuruti sirèku / nini sira jaluk apa / namung siji aywa minta gurulaki / bali mring marcapada //

yèn makatên kawula minta sih / waluyane marasêpuh amba / luwara saking wutane / pulih kadi ing dangu / Sang Hyang Yama ngandika aris / nini iya sun trima / kalêksananipun / wis nini sira balia / ywa kabanjur sayahira atut wuri / marang ing lakuningwang //

amba datan darbe sayah yêkti / tumutur mring saparaning priya / kang kumanthil woding tyase / lawan malih pukulun / amba ngudi sabda sakawit / upami nênanêma / yêkti badhe ngundhuh / ngandika Bathara Yama / lah ta apa pamintanta manèh nini / pan ingsun turut sira //

nanging aywa minta amrih bali / lakinira maring ngarcapadha / botên pukulun wiyose / kawula minta amung / marasêpuh mrih bisa bali / mêngkoni prajanira / madêg dadya ratu / iya nini sun tarima / kalaksanan apa pamintanirèki / uwis sira balia //

matur malih kusuma Sawitri / kadiparan pukulun karsanta / punapa inggih yêktine / mênggah kawula iku / amung kêdah nurut dewadaGuru lagu seharusnya: 9i, amung kêdah nurut dewadi. [de...]

--- [0] ---

[...wada] '/ tan kenging amintaa / ing saciptanipun / môngka jatine kotaman / kêdah jêjêg adil tan kêna pilih sih / marang ing titah tuwan //

wajib kêdah ngenaki dumadi / nadyan mêngsah kêdah kadunungan / ambêg luhur kotamane / ngayomi marang mungsuh / ingkang nêdya angayom urip / ngandika Sang Hyang Yama / ucapira iku / pindha wutahe kang tirta / anêlêsi marang ing gêgondhang salit / lah sira minta apa //

amung siji aywa minta bali / lakinira marang marcapada / botên pukulun wiyose / pan amba minta amung / rama amba darbea siwi / satus naliya amba / Sang Hyang Yama manggut / iya nini kalêksanan / wis sirèku tumuli balia nini / pan wus adoh kaliwat //

Sawitri ngling amba tan udani / kang ingaran doh cêlaking lampah / kang taksih cakêt mangkene / ing gurulaki ulun / nadyan maksih langkung atêbih / amêksa nyêlakana / dhuh dhuh hyang pukulun / rèhning tan duk adilira / mring sakabèh warata tan pilih asih / pantês yèn sinêbuta //

padukèku dewataning adil / lah ta paran gèn amba ngupaya / pangadilan na liyane / môngka adiling kalbu / ingkang mawèh sêtyèng dumadi / kang tansah ingèngêtan / ing salaminipun / gèdhèg-gèdhèg Sang Hyang Yama / hèh Sawitri sira minta apa malih / sayêkti kalêksanan //

amung aywa minta gurulaki / balinira marang marcapada / Sawitri alon ature / amba anuwun sunu / apatutan lan gurulaki / pun Satyawat punika / kathahipun satus / amrih aywa kêcurêsan / turun amba tumraha prapta ing wuri / ngandika Sang Hyang Yama //

suta satus iku gampang nini / kang supaya dadya sutanira / saturunira ing têmbe / iya nini sun turut / wis ta sira nulia bali / gonira atut wuntat / wus kêliwat nglangut / Sawitri sumundhul ucap / datan wontên para utama ingudi / nyingkur mring kautaman //

lan tan wontên mênggah ambêg adil / tan ngadili mring kawulanira / tan wontên padamêl sae / sumandhing tindak luput / datan wontên panimbang titi / winudharan priyôngga / Sang Hyang Yama manggut / nini bênêr ujarira / sakèh ciptaningsun pinulêt ing gati / utamèng ambêkira //

lah ta nini mêmintaa malih / kang sararas lan timbanging trêsna- / nira mring lakimu kiye / dhuh jawata linuhung / kadarmanta kang amba tampi / yêkti tanpa wasana / ing têmahanipun / lamun amba tan kêmpala / lawan gurulaki amba kang wus lalis / marma drêng pamintamba //

mugi tuwan anggêsangna malih / gurulaki amba pun Satyawat / awit makatên yêktose / mênggahing gêsang ulun / niring bagya yèn tanpa laki / miwah ing jagat traya / tidhêm katon suwung / môngka paduka ngandika / nambadani apêputra satus iji / lah mila gêsangêna //

pun Satyawat mrih lulus nêtêpi / andikanta kang sampun kawahya / kagyat Hyang Yama nulya ge / ngipatkên jirêtipun / sarwi ngucap linut suka sih / lah ênya uripira / Satyawat satuhu / têtêp luwar ing bêbaya / lulus dulur sêsuta satus samya ji / tumêrah raruncungan //

Pêthikan saking Sêrat Sawitri. Pantês dados têtuladanipun para wanita. Rêgi ... f 0.20

Wêdalan Bale Pustaka, Batawi sèntrêm.