Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-07, #1805

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1935, #1805
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-01, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1483.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-02, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1484.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-03, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1485.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-04, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1486.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-05, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1487.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-06, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1488.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-07, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1489.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-08, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1490.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-09, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1491.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-10, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1492.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-11, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1493.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-12, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1494.

Ôngka 59, Stu Pa, 25 Bakdamulud Jimakir 1866, 27 Juli 1935, Taun X

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [925] ---

Ôngka 59, Stu Pa, 25 Bakdamulud Jimakir 1866, 27 Juli 1935, Taun X

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka ing sawingkinging kantor Palis, tilpon nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Tatwawara - Santun-sumantuning Dhawuh - Gancaran Wiwitipun Wontên Karamean Sêkatèn - Kagunan Lagu Jawi - Kawontênan ing Amerikah - Wawasanipun Petruk - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Tatwawara

[Pangkur]

wong angilo ing paesan / mrih wêruha êndi kang durung apik / aywa kongsi kadêdangu / wangune salinana / sabab lamun nora mangkonoa sèstu / kang anyawang samya cingak / kinira tan wruh ing bêcik //

dadi durung bisa macak / sêlak brêgas runtute tan pinikir / rumasane uwis bagus / masa ana kang madha / janji nora pinandhing lan Nabi Yusup / kukuh anggêpe mangkana / rumasuk jro sanubari //

yèn si tuwa kang anyawang / angarani baguse mung anêmpil / akèh cerang-cerongipun / kadi luwak kêrinan / mula bêcik têtarèna mring wong sêpuh / saora-orane mêksa / bisa mantês mrih prayogi //

pakartining para mudha / mung angotot paitan aku wani / balunge wong anom iku / kuwat yèn kanggo ngangkat / barang groboh sapira mêksa kajunjung / nanging yèn barang krawangan / ngobahkên bae tan kongkih //

--- 926 ---

Kawruh Sawatawis

Santun-sumantuning Dhawuh Pranatan Nagari tumrap Karaton Dalêm Surakarta Adiningrat ing Taun 1889-1916.

Sambêtipun kajawèn nomêr 56.

III. Bab asil nagari.

Têtiyang manggaota gadhe, nyewakakên garobag, kareta sapanunggilanipun ingkang suwau tanpa pajêg, wiwit kala samantên lajêng kakengingakên pajêg dhatêng nagari sabên taun, pambayaripun pêndhak wulan Siyam kalihan Mulud.

IV. Bab lurah kampung.

Suwaunipun wiwit kina, sabên pakampungan bawah Kasunanan punika nêmtokakên wontên lurahipun kampung piyambak-piyambak, nanging sadaya punika botên têrang kauningan nagari, madêgipun sakawit namung saking karukunan utawi pamrayoginipun para kônca kampung, trêkadhangan wontên ingkang namung kabêkta pangkat kalênggahanipun pasuwitan ing pangagêng kemawon.

Sarêng wiwit taun 1890 nagari lajêng angwontêni lurah-lurah kampung dumunung abdi dalêm nagari, kabalônja rampak f 10.- nyadasa rupiyah sawulanipun, nanging sami botên kalilan mêrês asil saking tiyang kampung bawahipun malih minôngka têdhanipun kados ingkang suwau. Wasana pawingkingipun sarêng pranatan komplet, para abdi dalêm lurah kampung wau balanjanipun mindhak dados f 40.- ngawandasa rupiyah, sarta ngêrèhakên punggawa cacah tiyang 6 utawi 7 ing sabên sakalurahan, nanging cacahing kalurahanipun suda sapalih saking pranatan lami. Lêstantun dumugi sapriki.

V. Bab roimistêr.

Katumrapakên umum ing kitha saindênging nagari punapadene ing kitha-kitha apdhèling, wiwit kala samantên nagari angwontênakên dhawuh pranatan sarta awisan kêncêng. Sadhengah yayasan griya, gêdhong sapanunggilanipun ingkang mawi bôndha wêdhi gamping utawi mawi andhudhuk pasang pondhêmèn kêdah nyuwun lilahipun nagari rumiyin sadèrèngipun, manawi papriksanipun komisi kalêrês kaparêngakên mawi kaparingan idi, ingkang yasa kakengingakên wragad miturut ukuranipun, panggarapipun mawi dipun jênêngi utusan nagari. Karanipun kathah: pranatan roimistêr, nanging ing paprentahan Jawi tumindak sarta kaulat-ulatakên para garap gêdhong panitiyasa, inggih punika pangipun gêdhong kawadanan kartipraja. Wondene yayasan ingkang botên mawi ragad dhatêng nagari, punika sanadyan mawi bôndha wêdhi gamping nanging botên pasang pondhêmèn, makatên malih sanadyan mawi pasang pondhêmèn pisan, nanging kangge prêluning kuburan, cungkup, kijing sapiturutipun, punika sami kalilan botên mamimawi. bayar ragad nagari, cêkap namung lapur utawi nyuwun lilah kemawon.

--- 927 ---

VI. Bab tiyang damêl grabah.

Inggih wiwit nalika samantên lajêng wontên dhawuh nagari. SadhèhSadhengah. tiyang nyithak banon damêl gêndhèng grabah sasaminipun ingkang dêdamêlan bôngsa siti, sami botên kalilan wontên salêbêting kitha, nanging panggarapipun kêdah mêdal utawi manggèn sajawining kitha. Mila wiwit samantên rêrêgèn banon tuwin gêndhèng, kêpêksa dados mindhak awis sawatawis jalaran pambêktanipun mindhak têbihipun.

VII. Bab ngingah babi.

Ingahan bôngsa kewan ingkang awarni babi utawi andhapan suwau salaminipun kenging kemawon, nanging wiwit kala samantên lajêng wontên dhawuh pranatan tiyang ngingah babi sarta andhapan kêdah ing sajawining kitha, botên kenging manggèn ing nglêbêt kitha, makatên ugi kêdah lapur sarta nyuwun lilah ing parentah rumiyin kaparêng lan botênipun.

VIII Bab griya pakampungan.

Minôngka kangge anjagi kawilujêngan umum tumrap bêncana latu, mila wiwit kala samantên nagari angwontênakên dhawuh pranatan kêncêng, sadhengah griya ingkang manggèn salêbêting kitha nagari Surakarta, kaawisan ngangge payon alang-alang (wêlit), rapak (godhong têbu) sasaminipun nanging kêdah sami ngangge payon gêndhèng, utawi sirap. Ingkang sampun kêlajêng damêl sarta ngadêg sami dipun wangêni sawatawis dintên kêdah santun gêndhèng utawi sirap. Kala samantên rêrêgèn gêndhèng lajêng dados mindhak awis jalaran salêbêting kitha kathah ingkang ambêtahakên.

IX. Bab surud dalêm Ingkang Sinuhun kaping IX.

Surud dalêm sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana IX, amarêngi awaling taun 1893. Kintên lêt sawulan laminipun kalihan surud dalêm wau, dados taksih nunggil salêbêting taun 1893, putra dalêm kakung saking garwa dalêm padmi (swargi Gusti Kangjêng Ratu Pakubuwana) inggih punika sampeyan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom kasêbut ngajêng, gumantos kaprabon jumênêng nata, ajêjuluk: Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana, Senapati Ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping sadasa ing nagari Surakarta (ing sapunika jêjuluk dalêm wêwah: Ingkang Wicaksana).

Saha garwa dalêm (Gusti Kangjêng Ratu Anom) putri dalêm swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV, ugi kaangkat nunggil sarêng sadintên wau, kapatêdhan asma saha sêsêbutan: Gusti Kangjêng Ratu Pakubuwana. Wondene ibu dalêm Gusti Kangjêng Ratu Pakubuwana kaping kalihan, asma dalêm wau kasuwun rucat lajêng kaaturan santun asma: Gusti Kangjêng Ratu Madurêtna.

Inggih wiwit kala samantên kalênggahan pangeran adipati anom tumrap karaton Surakarta anggènipun lowong, dumugi sapriki kirang-langkung sampun 43 taun laminipun dèrèng wontên ingkang kajumênêngakên. Badhe kasambêtan.

K. 585.

--- 928 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Gancaran wiwitipun wontên karamean sêkatèn (sahadatèn).

Wêdaling gubahan punika, pancèn nama kêlungsèn tangguh. Mathukipun kêdah kasarêngakên akalayan tapuking karamean sakatèn ing alun-alun Ngayogyakarta saha Surakarta Adiningrat. Namung sarèhning isining gubahan punika sanès pêrslah (pèngêtan) kawontênanipun karamean sêkatèn, kados-kados inggih botên wontên kasèpipun.

Pancènipun gubahan punika, mila gandhèng akalihan gubahan kula bab: wayang kalayan Islam dèrèng dangu punika. Emanipun inggih sampun ragi kêlajêng tumpangsuh. Pancènipun uruting larasan, gancaran bab sêkatèn punika kêdah dhawah rumiyin. Mila, sarèhning sampun kalajêng, badhe mathuking larasan, para maos kula aturi ngêtrapakên piyambak.

Badhe matitisakên prêluning karamean sêkatèn (sahadatèn) ingkang ngantos karaos punika, pancènipun kêdah ngudhari rumiyin saking sabab-sabab bêdhahipun karaton Buda ing Majapait saha madêgipun karajan ing nuswa Jawi ingkang dhêdhasar agami Islam, inggih punika adêgipun nagari Dêmak. Nanging yèn sinangkan saking ngriku, kajawi katêbihèn kula nguwatosakên manawi adamêl kalintu tampining ngakathah. Mila ing ngriki namung badhe kula jujug saprêlunipun kemawon.

Ing antawisipun taun surya sangkala 1473, Radèn Patah jumênêng sultan ing nagari Bintara, kithanipun ing Dêmak, ajêjuluk Sultan Syah Ngalam Akbar. Wiwit timur Radèn Patah puruhita dhatêng para wali, ngrasuk agami Islam. Jumênêngipun sultan ugi mituhu rêmbagipun para wali. Mila adêgipun nagari Dêmak inggih adhêdhasar paprentahan Islam.

Adêgipun karajan Islam ing dêmak, anjalari bêdhahipun nagari Majapait ingkang adhêdhasar agami Buda. Ing sadèrèngipun madêg nagari Dêmak, kina-makina turun-tumurun karajan ing nuswa Jawi sami adhêdhasar agami Buda. Dados adêgipun nagari Dêmak punika, nama dumunung ing têlênging agami kabudan, utawi pucuking alam kaislaman ing nuswa Jawi sawêwêngkonipun. Sanadyan kala samantên ugi sampun kathah para kawula pasisiran ingkang sami ngrasuk agami Islam, nanging têlênging karajan ingkang golongan agêng nama taksih sami ngrungkêbi agami Buda. Amila, sanadyan kala samantên nagari Majapait sampun bêdhah, têgêsipun sampun botên wontên paprentahan ingkang dhêdhasar agami Buda, nanging pangrèhing praja Dêmak ingkang dhêdhasar Islam kala samantên inggih sakalangkung gawat, awit para kawula dèrèng sagêd iyêg sayuk sumungkêmipun dhatêng sang nata, jalaran dèrèng tunggil agami. Lampahing pranatan dhawah ing pancasan kukum ngadil lan sah kanthi wasesa, jalaran katêmênaning saksi tuwin dakwa, dèrèng nama nunggil akalihan ingkang ngadili (pradata) dhatêng kayakinanipun satunggiling [sa...]

--- 929 ---

[...tunggiling] agami.

Awit saking punika, pinanggihing rêmbag ing kanayakanipun para wali, sarananipun murih para kawula sagêd iyêg sayuk sumungkêmipun dhatêng narendra ingkang tamtu lajêng mahanani tata raharjaning praja, botên wontên malih, kajawi kêdah ngislamakên sadaya para kawula, ingkang lampah makatên punika pancèn sampun kalêbêt wajib ingatasipun panutan Islam. Dene ingkang dados rêmbag wigatos kala samantên namung kadospundi marginipun ingkang sagêd mikantuki, dening para kawula taksih sami puguh angrungkêbi agami Buda.

Kala samantên Kangjêng Sunan Kalijaga ingkang lêbda dhatêng pandoming alam kêkalih, kabudan saha kaislaman, usul rêmbag ing madyaning kanayakanipun para wali, ingkang suraosing usulan wau, manut suraosing babad Dêmak saha Sêrat Titiasri kados ing ngandhap punika:

1. Pamardi badhe ngislamakên para kawula ingkang taksih puguh piandêlipun dhatêng agami Buda, kêdah sinangkan saking gêlar utawi ngungkih puguh ing manah.

2. Gêlar utawi ingkang sagêd ngungkih puguhing manahipun para kawula wau, kêdah mirip tataranipun tiyang kathah ingkang gandhèng kalihan kapitadosanipun agami Buda.

3. Caraning nuntun para kawula supados sami ngrasuk agami Islam, kêdah kagampilakên saking sakêdhik ngantos para kawula sami ngrumaosi ènthèngipun ngrasuk agami Islam. Kawajiban anglampahi rukuning Islam gangsal prakawis (sahadat, salat, jakat, puwasa, haji) punika, sanadyan sawêg sarengat tumrapipun ingkang sawêg katêmbèn mirêng, pancèn sampun nama awrat. Mila prayogi sinangkan saking pokokipun sahadat kemawon ugêripun kanthi eklasing manah, inggih sampun nama Islam. Sanadyan purnanipun ngrasuk agami Islam punika kêdah binudi saking sarengat, tarekat, khakekat, makriphat, punika pinanggih wingking. Botên susah pinardi dening para wali, yèn para umat sampun karaos sêngsêm dhatêng suraosing kaislaman, tamtu sami ambudi pitêdah piyambak dhatêng mukmin ingkang ngampil rohmat.

Badhe kasambêt, S. Hars.

--- 930 ---

Kagunan Lagu Jawi

Sambêtipun Kajawèn nomêr 52

Ing ngandhap punika sambêtipun karangan kula bab sêkar agêng, ingkang saking sih kadarmanipun M. Kartaswara.

Sêkar agêng lampah 6, punika ugi dèrèng kenging kangge ambawani gêndhing utawi kagerong.

Sêkar agêng: Liwung, slendro pathêt 9.

Lampah 6, pêdhotan 4-2.

[Notasi]

Sêkar Agêng Binaya, Slendro pathêt 9, lampah 6, pêdhotan 2-4

[Notasi]

Supados botên andadosakên kêmbaning para ingkang dèrèng nate kadhasaran utawi ingkang badhe amarsudi bab sêkar, ing ngriki kula nyaosi sêkar macapat ingkang asring kangge lagu waosan.

Namung kula ngaturi uninga, bab lagu wau, tumrap para ingkang sampun sagêd, anggadhahi cengkok lagu piyambak-piyambak, ingkang sêdyanipun pancèn adamêl sae laguning sêkar wau. Ingkang punika andadosna kauningan dhumatêng para maos.

Sekar macapat: Dhandhanggula wantah, slendro pathêt 9.

Wijanging aksara 10 pada lingsa, (10 wanda ulu, 10 wanda lêgêna, 8 wanda taling, 7 wanda suku, 9 wanda ulu, 7 wanda lêgêna, 6 wanda suku, 8 wanda lêgêna, 12 wanda ulu, 7 wanda lêgêna).

[Notasi]

II. Slendro pathêt 9 lagu sanès.

[Notasi]

Badhe kasambetan.

Stm. A.S. Sala.

--- 931 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Amerikah

Sanadyan nagari Amerikah punika kapisah têbih kalihan Eropah, Asiah utawi Aprikah, nanging bab prêluning praja inggih tansah gêgayutan, saya malih ing bab padagangan, AmerakahAmerikah. anggadhahi daya agêng ingkang sumrambah sangêt.

[Grafik]

Kapal-kapal mabur panjagi nagari Amerikah wontên ing pasisir sagantên.

Tumraping bab rêmbag padhamèn ing donya, Amerikah kapara katingal anggèning ngudi kalampahanipun. Nanging sarèhning pangudi ingatasing tata têntrêm punika ugi gêgayutan kalihan tatanan praja, tumindakipun inggih botên tilar dêdamêl, têgêsipun dêdamêl wau prêlu kangge jagi-jagi.

Sarèhning anjagi kawilujêngan ingkang lèrèg dhatêng katêntrêman punika kados makatên, mila nagari-nagari ingkang pangawak santosa lajêng iyon anggènipun sadhiya dêdamêl, sanadyan mawi dipun watêsi, nanging raosipun botên sagêd srêg anêtêpi janji-jêjanjinipun.janji-janjinipun.

Amerikah sampun ngawontênakên ramtamanrantaman. waragad tumrap babagan wadya lautan 460 yuta dholar. Rantaman waragad samantên wau, prêlu badhe kangge yasa kapal pêrang 24 iji, ngindhaki wadyabala 11.000 tuwin yasa motor mabur paprangan 555. Lah, sadhiyan ingkang kados makatên punika punapa botên nuwuhakên sônggarunggining praja sanès-sanèsipun.

Kajawi punika ugi nêtêpakên rantaman tumrap wadya dharatan 500 yuta dholar. Ing ngriku lajêng saya cêtha, bilih tata têntrêming nagari, wosipun malah anjarag ngudi kasantosan, namung kaot botên kêlair kangge sadhiyan pêpêrangan, nanging manawi wontên damêl paridamêl, sampun sumadhiya.

Inggih kadospundi anggènipun narimah badhe kèndêl-kèndêl manaw tôngga têpalih katingal sami pating bathithit nyantosakakên dêdamêl. Môngka ingkang sampun katingal, kados ta Jêrman, Prancis, [Pra...]

--- 932 ---

[...ncis,] Inggris, Itali, Jêpan, utawi sanès-sanèsipun, pinanggihing tandangipun sami kemawon. Wontênipun makatên, tumraping nagari sadaya wau samôngsa ebah salah satunggal, sanèsipun ugi kêpêksa tumut ebah, amargi gêgayutaning praja sami praja wau, wontên ingkang babagan lautan, dharatan, padagangan tuwin sanès-sanèsipun, ingkang mêsthi gêgayutan salah satunggal.

[Grafik]

Sawangan margi agêng ing Kansas, laladan Amerikah, nuju wontên jawah wêdhi kabêkta ing prahara agêng, lampahaing têtumpakan siyang dalu sarana dilah.

Malah tumrapipun Amerikah kaprayitnanipun babagan pulitik paprangan saya dipun kêkahi, sawarnining rêmbag babagan kados makatên, dipun awisi kêbrèbèlipun. Kajawi punika Amerikah anggadhahi gêlar ingkang mikantuki, samôngsa wontên bêbaya pêrang, lajêng sagêd mapanakên wadyabalanipun dharatan tuwin lautan sarana ambêskup kapuloan jajahaning Inggris tuwin Prancis ingkang manggèn ing pasisir Amerikah, tuwin sagêd masang kasantosaning wadya anggêgana wontên ing watês Kanadhah.

Ing sapunika ing bab gêgayutanipun kalihan Ngabêsi tuwin Itali ing bab anggènipun pasulayan, punika tumrapipun Amerikah inggih tumut cawe-cawe, sapisan gêgayutan kalihan wontênipun bôngsa Amerikah ingkang wontên tanah Ngabêsi, kaping kalihipun inggih gêgayutan rêmbag ing bab babagan karukunan, mila ing bab pasulayan wau Amerikah nglairakên rêmbag, bilih prajanjian ingkang sampun katêtêpakên wontên ing Paris, ingkang dipun tôndha tangani dening nagari 63, taksih têtêp tumindak.

Miturut suraosing prajanjian wau, botên ngawontênakên tindak sarana paprangan, ingkang pikantukipun kangge anggayut karukunan tumrap babagan Intêrnatsional. Dados Amerikah

--- 933 ---

inggih badhe nêtêpakên kados umuming ngakathah.

Tumrap kawontênanipun nagari Ngabêsi, punika mênggahing kasantosanipun nate kawêdhar dening putri kapenakanipun nata Ngabêsi ingkang sinau wontên ing Amerikah, nama putri Heshla Tamaya, mratèlakakên, bilih Nata Ngabêsi punika sampun dangu anggènipun sadhiya pêrang, dene ingkang dipun sujanakakên ing bab badhe panêmpuhipun Itali. Sadhiyan wau awarni obat mimis, ingkang sami dipun dèkèk ing guwa-guwa, tuwin anggadhahi papan pandhêlikan ing trowongan-trowongan ingkang mitadosi.

[Grafik]

Wadya lautan Amerikah nuju pêrang-pêrangan wontên ing lautan samudra.

Tuwuhing pawartos ingkang kados makatên wau tamtunipun inggih lajêng wontên panggrayangan dhatêng Amerikah, kakintên langkung sumêrêp dhatêng babagan nagari Ngabêsi.

Mila tumrapipun Amerikah ugi tansah pasang kaprayitnan, ingkang wosipun badhe ngatingalakên rêsikipun utawi nêdya ngudi katêntrêman.

Wangsulan saking Rêdhaksi

Lêngganan nomêr 5936 ing Surakarta. Pamrayogi panjênêngan katampi kanthi gênging panuwun. Nanging bab makatên punika, sarèhning sampun mawi wêwarah ngêblak, kados tanpa pakèwêd manawi wontên ingkang nglêrêsakên ing kalêpatanipun.

Lêngganan nomêr 1646 ing Ngrajêg. Kintunan Kajawèn ingkang ciri frankeering bij abonnement, punika kajêngipun, ingkang kintun ambayar waragad dhatêng kantor pos mawi pêpetangan piyambak.

R.S.H. ing Surakarta. Gambar sami kirang cêtha, botên kapacak.

Lêngganan nomêr 3503. 1. Bab buku salasilah botên wontên pakèwêdipun kaêdum dhatêng para sadhèrèk ingkang panjênêngan karsakakên. 2. Bab papan pemahan warisaning bapa, sahipun prajanjian punika manawi pandamêlipun dipun sumêrêpi dhatêng rad agami sarta mawi saksi kêkalih. Dados prajanjian ingkang asaksi kapala kampung sakêbayanipun, punika tumrap bab warisan botên sah.

--- 934 ---

Wawasanipun Petruk

Bab Kongrèsing para Wanita.

Konggrèsing para wanita saikine wis nancêpake gunungan. Sing kêna dianggêp kayadene: thing-thing no jati mogèl, yaiku sêsorahe Nyonyah Sumadi, jalaran kajaba ana ing pungkasan dhewe, surasane mula iya têmèmbêl bangêt.

Kayadene padatane, wong dadi jurnalis, sanadyan mung jurnalis-jurnalisan kaya aku kiyi, saolèh-olèh yèn ana konggrès kudu nunggoni. Mêngkono uga anane konggrès para wanita iki, têlung dina têrus-têrusan, aku iya prasasat tanpa ... têka. Iki ora sabab apa-apa, mung jalaran saka alangan warna-warna, kang tumiba ana ing gundhulku, kang anjalari aku kapêksa dipingit ana ing ngomah bae.

[Grafik]

Kajaba saka iku, sing tak pangku iku dudu: rajaputri dunya sing miyos sabên dina, nanging rajaputri sing isih rada wêrit, miyose mung ing dina Sabtu lan Rêbo thok bae. Mulane yèn aku nganti nyaosake palapuraning konggrès sing talêsih bangêt upamane, kanane mung mèsêm bae karo ngandika mangkene: Aturanamu nyang panjênêngan ingsun cêkakên bae, jantung kêkasihku, awit panggalihku kurang jêmbar yèn dikon nômpa palapuranamu sing dawa rete-rete mêngkono.

Jalaran saka iku aku banjur kapêksa mung gawe wawasan sawatara bae. Têmtune wawasanaku iki iya ora cêsplêng, tur iya akèh kithale, sarta aku bisa mêsthèkake yèn akèh para sing padha ngènjêpi, mleroki, malah yèn cêdhak kiraku padha nyambit susur, utawa ... têgêsan rokok sigarèt barang, ewasamono, yah, pulo-pulo wis bêgjane awak mami, jaragan wis gêlêm dadi jurnalis, iya kudu duwe rai gêdhèg sawatara. Karêpe: sanadyan disosot-sosotake, dipisuhi, dierang-erang, dijiwit sing mung mak calêkit ngono kae, kenene kudu saguh mung arêp: klècêm, mèsêm bae. Wis saiki tak wiwitane wawasanaku.

Saupama mênyang bôngsa Walônda mono, aku saguh ambukak topiku, nyang bôngsa Tiong Hwa, aku saguh sojah kuwi, nyang bôngsa priyayi saguh nyêmbah sing nganti sêdhokan kae, nyang kyai santri saguh ngambung astane, lo, samono anggonku ngaji-aji lan angrêgani nyang ananing konggrèsing wanita mau. Ora liya, sabab panatane mula iya rajin, brêgas tanpa ana sing munêg-munêgake rêmpêlu. Apa sing disêsorahake ana ing kono iya padha pênting-pênting, tur iya wis [wi...]

--- 935 ---

[...s] ora bangêt-bangêt anggone gawe ciblon marang têtimbangane ing ngalam dunya, iya kang diarani kaum priyayi iki. Suwara-suwara kaya biyèn sing têrus-têrusan ngoroki kupinge wong lanang sing mangkene kae: wong wedok saiki wis mêlèk, wis ngrêti, êmoh yèn mung arêp dadi bêkakase wong lanang. Sajake ing konggrès kono wis akèh sing dibêsinêh. Sêmune wis padha akèh sing nyandhak, yèn rêmbug sing kaya ngono kuwi mung nampêk raine wong lanang bae, sabab, manawa mung arêp ngala-ala bae, rak iya ora kurang marga. Awit wong lanang suwe-suwene rak bisa banjur malês sarana migunakake unèn-unèn ing Batawi sing mangkene kae upamane: Ada uang abang saya. Tidak ada uang abang payah.

[Grafik]

Gambar nginggil: para panuntun punapadene para warganing konggrès ingkang lênggah Nyonyah Kusuma Utama, pangarsa ing bab arta kabêtahaning konggrès. Gambar ngandhap: para warga saha para pambiyantu konggrès.

Mulane aku bungah bangêt, dene anane konggrès wanita sapisan kiyi, cara ngoncèki wong lanang wis akèh sudane. Kang anjalari para kaum priya sing padha nonton, ora akèh sing rêrasan: wah, wong wadon-wadon ing jaman saiki kiyi, têka wis akèh bangêt sing padha maju-maju mungguhing ... lantape.

Yèn rêrasaning wong lanang sing kaya mangkono wis dièrpol babarpisan, kiraku kamajuane pakumpulaning para wanita saya lêpas manèh, awit kaum priya saumume, mêsthi banjur anjumurungake sarta padha gêlêm ambantu sakuwate. Sabab wong-wong lanang sing duwe pikiran: ora prêlu wong wedok mèlu kumpulan, mundhak mung arêp sinau nglabrag sing lanang bae, mêsthi banjur êntèk babar pisan, sabab kanggone saiki, isih akèh bae wong lanang sing ngrungu sêsorahe panganjuring pakumpulan wanita, banjur tuwuh pikirane mangkene: wèh, iki kakunge gênah bangsane wong lanang, sing diploroki: mèsêm, disosot-sosotake: [disoso...]

--- [936] ---

[...t-sosotake:] mèsêm dikêpruk parut pisan, iya mèsêm kae. Muga-muga sabanjure sakabèhe pakumpulane para wanita, bisaa anindakake apa kang dadi idham-idhamane, sarta kang ora agawe mêsguling pikire kaum priya, kang tansah diundhamana wau, nganti bisa bêbarêngan anggone arêp ngumbulake drajating bangsane.

Ing ngarêp aku anglairake pangalêmbanaku ing bab rajin lan brêgasing panataning konggrès. Kuwi aku ora nêdya golèk pêndhok, mula pancèn iya nyata mêngkono. Kaya ta: nalikane dianakake rêsèpsi, anggone nata para sing padha sêsorah, nata sing ditongtonake ana ing kono, kajaba: thak-thik cikat lan tandang bangêt, pamilihe tongtonan iya pancèn kampi, sabab rata-ratane tongtonane: warna-warna, apik-apik, ora kêdawan, dadi ora lêlêt, mulane iya banjur ora ana wong clangaban, sabab saka bosên pawira, nanging kabèh-kabèh padha sênêng lan padha gumbira atine, mêngkono uga sêsorahe, padha pintêr-pintêr, ora bakal ngira yèn sing padha sêsorah mau, pagaweane sabên dina: anjangan gori, anglodhèh terong, ngosèng-isèng kangkung utawa ... ngumbah popok. Badhe kasambêtan.

Petruk.

[Grafik]

Lampahing tukang grobag ing wanci enjing ngambah margi padhas curi ing tanah parêdèn.

--- 937 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI.

Cacahipun motor ing tanah ngriki. Dumuginipun wulan April, cacahipun motor ing tanah ngriki tumrap tanah Jawi lan Madura sadaya wontên 47.051, pêpetanganipun: auto limrah 30.114, autobus 1500, auto momotan tuwin pirantos ambêkta barang 4754, motor rodha tiga 8801 tuwin sêpedha motor 8898. Tumrap tanah sabrang, motor 19.351, inggih punika auto limrah 8902, autobus 4638, auto momotan tuwin pirantos ambêkta barang 3927, motor rodha tiga 209, sêpedha motor 1673.

[Grafik]

Rumah Yatim Piatu "Oemariah". Kawartosakên, dening budi rekadayanipun pakêmpalan Pêkir Miskin Islam (P.P.M.I.) ing Tasikmalaya, ing sapunika sampun sagêd ngêdêgakên griya dalah griya sakitipun pisan kangge lare-lare pêkir miskin. Inginggil punika gambaripun griyaning guru agami ingriku punapadene griya sakitipun.

Kathah ingkang rêmên sêpelan lami. Redactie encyclopaedie Prins Winkler sampun nyêbarakên sêrat sêbaran, ingkang suraosipun pitakèn ing bab sêpelan basa Walandi, punapa tumraping ngakathah rêmên icara lami punapa ingkang cara enggal. Pitakenan wau ingkang wangsul wontên 22%. Cacah samantên wau tumrap nagari Walandi wontên 63%, Belgie 80% tuwin tanah ngriki 96% sami rêmên dhatêng sêpelan lami.

Congres babagan gêndhis ing sadonya. Benjing salêbêtipun wulan Augustus ing Brisbane, Australie badhe wontên congres babagan gêndhis, kadosdene ingkang sampun nate dipun wontênakên ing Surabaya kala taun 1929. tumrap tanah ngriki badhe ngutus Dr. Honig, directeur Proefstation ing Pasuruan, tuwin golongan ahli sanèsipun. Bidhalipun utusan wau benjing tanggal 8 Augustus.

Fonds Kartini Jawa. Ing Surabaya wontên ada-ada ngêdêgakên comite Fonds Kartini Jawa, anggadhahi sêdya badhe anjawèkakên buku sajarahipun R.A. Kartini, murih raos ingkang dados ciptanipun R.A. Kartini wau sagêd rinaosakên dening bangsa Jawi, amargi tumraping bangsa Jawi tamtu langkung kêraos manawi ngangge basa Jawi. Buku wau tumrap ingkang basa Melayu tuwin Sunda sampun kawêdalakên dening Bale Pustaka. Lampah-lampahipun angsal waragad badhe sarana ngajêng-ajêng kadarmanipun arta para sagêd tuwin para wontên. Sawarnining darma sanadyan namung sakêdhik, badhe katampi kanthi suka. Sintên ingkang badhe paring darma katampèkna Dr. Sutomo, Simpangdukuh 12 Surabaya, ingkang dados artakaning comite.

Pakêmpalan kamanungsan. Sampun sawatawis wulan ing Bêtawi wontên pakêmpalan nama kamanungsan, inggih punika pakêmpalan ing bab kabatosan. Pakêmpalan wau lajêng badhe ngêdêgakên pang wontên ing Purwakarta. Ingriku lajêng wontên pêpalang ingkang badhe ngajak sarasehan. Miturut pawartos benjing tanggal 3 Augustus wanci dalu saèstu badhe ngawontênakên pêpanggihanipun sêsêpuhing Kamanungsan nama Ki Dalang Yudaprayitno, kalihan R. Joyosudiro, tilas Journalist, warga R.R. Krawang. Pêpanggihan wau namung kasadhiyan palênggahan 40.

Ical wontên ing wana tanah Papua. sampun kala wulan December 1934 wontên golongan tindak nitipriksa kawontênanipun tanah Papua têngah, pêrlu badhe nyumêrêpi panggenan ingkang botên wontên tiyangipun. Nanging golongan wau lajêng ical botên kantênan. Ing sapunika badhe ngadani damêl golongan malih, badhe madosi ingkang rumiyin.

Student Jêpan dhatêng ing Mênado. Sampun sawatawis dintên wontên student bangsa Jêpan cacah 32 dhatêng ing Mênado. Numpak kapal Omi Maru. Para student wau saking pamulangan luhur warni-warni ing Jêpan. Anggènipun mriki prêlu darmawisata kangge anjêmbarakên kawruh, dipun tut ing para mahaguru Jêpan. Sasampunipun waradin anggènipun mubêng-mubêng lajêng bidhal malih.

Pabrik barang-barang kajêng. Wiwit benjing wulan Augustus ngajêng punika, ing Cibodhas, Sukabumi wontên pabrik pêthi-pêthi kajêng. Ingkang dados directeur Tuwan Ditmar Jansen.

Kadurjanan rajakaya ing Selebes. Pangadilan ing Sengkang, Selebes kidul sampun mriksa prakawis kadurjanan rajakaya ingkang tumindak wiwit kala taun 1930. Jalaran saking kathahing pasakitan tuwin saksi, pamriksanipun dangu sangêt. Pangajênging durjana nama Mato, anggadhahi kanca ngantos 200, sadaya mèh sami tiyang kacêkapan, mila ngantos samar sagêdipun kadakwa. Lampahing kadurjanan mawa tatanan, panêmpuhipun nuju dhatêng panggenan maesa ingkang kathah nunggil sakandhang, punapa pinanggihipun, lajêng lapur dhatêng pangagêng. Ingkang ambêkta kesah rajakaya dhatêng sanès panggenan, tiyang sanès. Sagêdipun anggampilakên lampah, pangagêng wau gadhah juru sêrat, ingkang dados juru sêrat ing kantor landschap.

Pangiridan prabeya kabudidayan Gondhanglipura. Kawartosakên, kabudidayan Gondhanglipura nindakakên pangiridan wragading ngusung gêndhis. Ingajêng pangusungipun wau mêdal N.I.S. Nanging ing sapunika badhe ngangge auto momotan. Pangiridan wau ing taun 1935 wontên f 30.000.-, kala taksih lumantar N.I.S. wontên f 60.000.-.

Dadaran wêkasan ing Kweekschool Muhammadiyah ing Ngayogya. Ing pangajaran taun punika, Kweekschool Muhammadiyah ingkang lulus dadaran wêkasan ing Kweekschool Muhammadiyah ing Ngayogya wontên sadasa. 1. Abd. Rauf Hamidy, asli Ngayogya, 1 Marwata Suarja, Banyumas, 3 Adnan, Cilacap, 4 Dimyathie, 5 Bakri, 6. Yahuni, 7. Salamudin, 8 Mudakir, sami Ngayogya, 9 Marwan, Sampit, Borneo, 10 Abd. Hadi, Madiun. Salajêngipun sadaya wau tumanja: Dimyathie, dados guru ing Kapuas, Borneo, 2 Mudakir, Selebes, 3 Bakrie, Surabaya, 4 Salamudin tuwin 5 Abd. Hadi dhatêng Palembang, Marwan tuwin Yahya badhe nglajêngakên sinau dhatêng Mêsir utawi Indu. Abd. Rauf Hamidy têtêp mulang wontên Ngayogya. Adnan ngêntosi panggenan, Marwoto sawêg sakit.

--- 938 ---

Pasiraman ing Bogor. Ing Bogor mêntas wontên bikakan pasiraman nama "Zwembad Kota Baru". Têbihipun saking Bogor kirang langkung 4 km. Pasiraman punika kabikak kangge umum, botên pilih bangsa, waton botên tilar kasusilan. Kajawi pasiraman ugi dipun sadhiyani papan pajajanan. Pasiraman wau ingkang gadhah bangsa Tionghoa ingkang misuwur ing Bogor. Bayaranipun manut pathokan ingkang sampun katêtêpakên.

Lulus examen notaris. R.M. Suroyo lulus examen Groot Notaris bagean kalih.

Ewah-ewahan sêpur. Wontên pawartos, benjing tanggal 1 October ngajêng punika, badhe wontên tatanan lampah sêpur enggal, tumrap sêpur saking Bêtawi tuwin Bandung dhatêng Sêmarang, sadintên badhe kadamêl kaping kalih.

Sampeyan dalêm K.G.P.A.A. Paku Alam gêrah malih. Wontên wartos, Sampeyan dalêm K.G.P.A.A. Paku Alam gêrahipun kambuh malih, kambuhanipun wau dadakan, ngantos adamêl kagètipun ingkang sami mirêng. Sampeyan dalêm kangjêng gusti wau nêmbe kemawon jêjampi wontên ing Bêtawi, dipun garap dening satunggiling professor. Ing sapunika professor wau badhe dipun dhatêngakên ing Paku Alaman.

Pabrik dlancang ing Sumbêrlawang. Miturut pawartos, pabrik dlancang gadhahanipun bangsa Jêpan ing Sumbêrlawang, Surakarta, ingkang sampun wiwit tumindak ing damêl, gadhah atur dhatêng ingkang wajib badhe ngagêngakên panggaotanipun.

Têtandhingan nyandhang ngangge. Bestuuring Pasar Malêm ing Sêmarang ingkang nêmbe kawontênakên, badhe adamêl têtandhingan ing bab nyandhang ngangge èstri. Tanggal 31 Juli bab mangangge tapih lan arasukan lurik. 4 Augustus mangangge sinjang arasukan kêbayak. 7 Augustus mangangge sarung rasukan kêbayak. Pangangge wau kêdah ingkang asli wêdalan tanah ngriki, kajawi ingkang ing tanah ngriki dèrèng wontên. Ganjaranipun, ing sabên sagolongan nomêr 1 arta f 75.-, nomêr 2 f 50.-, nomêr 3 f 25.-, nomêr 4 f 10.-, nomêr 5 f 5.-.

Tindak gêmi ing Têgal. Ing wulan punika, para punggawa Kabupatèn Têgal adamêl ada-ada ngêdêgakên pakêmpalan nama "Pêrsêrikatan Pêgawai Kantor Kabupatèn Têgal". Sêdyaning pakêmpalan wau: badhe ngulinakakên nyèlèngi arta; nyupêkêtakên pasadherekan tumraping golongan wau; sinau tulung-tinulung. Botên ngawontênakên urunan arta punapa-punapa kajawi nyèlèngi. Anggènipun nyèlèngi sakêdhik-sakêdhikipun 10 sèn. Arta wau badhe kangge mitulungi utawi dipun sambutakên dhatêng warga. Pagayomanipun pakêmpalan wau, panjênênganipun patih.

Pamulangan têtanèn Katholiek. Awit saking sêdyanipun golongan Katholiek, badhe ngêdêgakên pamulangan têtanèn wontên ing Bogor. Pamulangan wau dipun sadhiyani pondhokan murid 40. Gurunipun badhe andhatêngakên ahli agami ingkang mangêrtos dhatêng têtanèn saking nagari Walandi. Pamulangan wau badhe kangge cobèn-cobèn rumiyin, manawi sagêd sae, ugi badhe ngêdêgakên wontên ing Jawi Têngah utawi Jawi Wetan. Kintên-kintên pamulangan wau badhe ngadêg wontên ing taun 1936.

Angèlipun nagih sambutan. Miturut kawontênan ingkang sampun kasumêrêpan ingakathah, pinanggihipun ing tanah ngriki, kathah tiyang ingkang pangkatipun katingal, manawi dipun tagih sambutanipun mubêng kemawon, sanajan sambutan namung f 5.- ngantos ngêsêlakên juru nagih, wontên ingkang manawi dipun tagih cariyos botên wontên griya. Cêkakipun namung sarwa angèl. Malah ing Bandung wontên tiyang ngajari pêksi ingkang acucuk agêng, dipun namakakên Yozef. Pêksi wau samangsa sumêrêp wontên tiyang nagih lajêng nothol pipi tuwin dipun untir ngantos tatu. Lucu.

Partisara guru bêksa. Taman Siswa ing Ngayogya mêntas ngawontênakên pandadaran murid wanita ing bab bêksa, cacah 6, ingkang badhe kadadosakên guru bêksa, sadaya sami lulus, tampi partisara. Ingkang anjênêngi mriksani para agêng tuwin para guru.

Ngupakara tiyang sakit ewah. Ing griya-griya sakit ewah ing tanah ngriki pinanggih wontên tiyangipun sakit ewah 8750, punika dèrèng kapetang tiyang sakit ewah ing Jawi. Miturut caranipun Prof. Dr. P.M. van Wulffet Palthe, supados ngawontênakên papan panggenan ing pundi-pundi kangge tiyang sakit ewah, pêrlunipun kangge mitulungi dhatêng tiyang sakit ewah ingkang kapiran. Papan panggenan kados makatên punika sampun tumindak ing Bêtawi kangge tiyang 100, salajêngipun badhe ngawontênakên papan kados makatên ing Surakarta, Ngayogya tuwin Karanganyar.

Ngintunakên gambar lumantar radio. Ing salêbêtipun wulan Juni taun punika, cacahipun kintunan gambar lumantar radio wontên 41 rambahan, angsal-angsalanipun f 152.32. Ing wulan Juni 1934 wontên 51 rambahan, angsal-angsalanipun f 2052.50. Wiwit Januari dumugi Juni kapêngkêr wontên 276 rambahan, angsal-angsalanipun wontên f 9143.84. Ing wulan Januari dumugi Juni 1934 wontên 234 rambahan, angsal-angsalanipun f 8029.94.

Kuli kangge Nieuw Guinea. Kapal Baud ingkang nêmbe bidhal saking Tanjungpriok ambêkta kuli-kuli ingkang badhe kaêcakakên ing damêl ing bab badhe pandamêling kaart ing Nieuw Guinea, saking kajênging K.N.I.L.M.

EROPA.

Tiyang ingkang kapênggak botên nurunakên. Ing Jerman wontên tatanan ngrekadaya murih tiyang jalêr tuwin èstri botên anggadhahi turun. Dene ingkang badhe dipun patrapi tatanan makatên punika tumrap tiyang ingkang kirang jangkêp èngêtanipun, ingkang rêmên mêndêm, ingkang anggadhahi sêsakit sagêd nular dhatêng turunipun, utawi sanès-sanèsipun. Miturut pèngêtanipun ministêr babagan pangadilan, wiwit tumindaking pranatan wau, inggih punika wiwit tanggal 1 Januari dumugi 31 December 1934, gunggunging tiyang ingkang dipun pênggak botên nurunakên wontên 56.244.

Golongan badhe nyidra raja Boris. Wontên pawartos, ing Sofia, kitha karajanipun nagari Bulgarije, pinanggih wontên golongan têtiyang awon badhe nyidra Raja Boris. Wontên opsir 4 tuwin punggawa ing kadhaton sami dipun cêpêng. Ingriku kawartosakên, bilih benjing tanggal 29 wulan punika wontên tindak badhe nyidra Raja Boris. Polisi ing Sofia sampun sagêd ambêskup dêdamêl kathah sangêt tuwin mêsin ingkang sagêd adamêl bêbaya.

ASIA.

Kasangsaran ing Asia. Gunggunging tiyang ingkang kasangsaran jalaran lindhu ing Formosa, tiwas 48, kêtaton 238, griya ingkang sirna 238, ingkang risak 2577.

Tumrap bêna ing Tiongkok. Mayit ingkang pinanggih ing Provincie Hupeh saking bênanipun lèpèn Yang Tze kirang langkung 100.000. Saking bênanipun lèpèn Kuning ingkang nêmpuh Kiangsi 30.000. Kuli-kuli ingkang kapatah andandosi bêndungan wontên 100.000.

Bêna ing Tiongkok. Miturut katrangan ingkang kantun, cacahipun têtiyang ingkang tiwas jalaran saking bênanipun lèpèn Han, wontên 100.000, têtiyang ingkang kecalan balegriya wontên 250.000. Bangke tuwin barang-barang sami katut ilining toya. Bênaning lèpèn-lèpèn saya dangu saya mindhak. Wontên saradhadhu ing laladan Kiangsu lèr, kanthi bêbau golongan warni-warni cacah 20.000, sami sêsarêngan nyambut damêl ngiyatakên bêndungan lèpèn Han.

--- 939 ---

Wêwaosan

Wangsulipun Tarsan.

Piridan saking buku karanganipun Tuwan Edgar Rice Burroughs.

33

Kados ingkang sampun kacariyosakên ing ngajêng, Tarsan anggènipun ngêntosi baita wontên ing kitha ngriku, namung kalih dintên, ewasamantên rumaosipun Tarsan kados dangu sangêt. Ing wusana sagêd minggah ing kapal, saking ngêdhèg bagiyan nginggil wontên tiyang kalih ingkang tansah nyawang dhatêng solah tingkahipun Tarsan. Kalih-kalihipun sami mangangge sarwa sae, sarta brêngosipun sami kacukur rêsik. Ingkang satunggal badanipun ragi agêng, rambutipun sêmu abrit, nanging alisipun cêmêng. Sarêng ing wanci siyang dumadakan tiyang kêkalih wau wontên ing ngêdhèg kapêthukan kalihan Tarsan, nanging ing sarèhing kalih-kalihipun kala kapêthukan kalihan Tarsan wau, ujug-ujug sami mengo angajêngakên dhatêng sagantên, amila Tarsan inggih botên sumêrêp dhatêng rainipun tiyang kêkalih punika. Kajawi punika Tarsan mila inggih botên amigatosakên.

Miturut dhawuhing pangagêngipun, wontên ing kapal ngriku Tarsan kêdah ngakên nama sanès, inggih punika: Jon Kolwèl (Johan Coldwell) asli saking Londhon, ing batos Tarsan tansah anggagas mênggah ingkang dados sababipun kemawon punapa, têka wontên dhawuh kêdah ngangge nama palsu punika, inggih tansah angudaraos: ana ing kapsêtan, gèk apa bae sing kudu taktindakake.

Sasampunipun Tarsan anggagas malih makatên: Aku sukur bangêt marang Pangeran, dene samêngko aku wis ora gêgayutan karo Si Rokop. Awit aku wis rumasa jêlèh bangêt nyang dhèwèke. Apa aku iki saikine wis cukup bêbudènku, dene aku banjur duwe rasa kuwatir barang. Yèn ana uwong bisa gawe kuwatiring atiku, iya ora ana liya, kajaba Si Rokop, awit dhèwèke iku anggone mungsuh aku ora klawan jujuring atine. Jalaran aku ora tau bisa wêruh, kapriye carane dheweke anggone arêp gawe cilakaning awakku. Carane anggone arêp gawe bilaiku, kuwi kayadene patrape gajah, singabarong lan ula dadi siji. Nanging kewan iku malah luwih jujur atine katimbang manusa, awit padha ora gêlêm nindakake laku kang dhêdhêmitan.

Kala wancinipun sami dhahar sêsarêngan wontên ing kapal ngriku, linggihipun tarsan jèjèr kalihan salah satunggiling nonah, ingkang lênggah wontên sakiwaning kaptin kapal. Wontên ing ngriku Tarsan dipun têpangakên kalihan nonah wau dening kaptin.

Dene nonah wau nama: Nonah Sêtrong (Strong). Dene tumraping Tarsan, namaning nonah punika kados sampun nate mirêng. Naning wontên ing pundi sampun botên kèngêtan malih. Wusana dumadakan ibunipun lare èstri kados ngemutakên dhatêng Tarsan, awit lajêng cêluk-cêluk dhatêng anakipun: Hasêl, Hasêl (Hazel).

Dados samangke Tarsan lajêng anggraita, bilih Nonah wau namanipun: Hasêl Sêtrong. Sakala punika Tarsan lajêng kèngêtan dhatêng sêratipun nonah: Jinê Portêr dhatêng mitranipun nalika ing wanci dalu wontên ing gubug tilaranipun surwagi Lod Grèstuk inggih ingkang rama Tarsan. Kala punika Tarsan tansah kèngêtan, ingkang dipun lampahi ing kala samantên, nalika piyambakipun wontên ing pêpêtêngan angêntosi anggènipun nyêrat Nonah Jinê ngantos dalu, saha salajêngipun nuntên nyolong sêrat wau, ingkang lajêng kawaos, nanging ugi kawangsulakên malih. Ingriku piyambakipun maos nama Hasêl Sêtrong wau.

Dados inggih nonah ingkang lênggah sandhingipun piyambakipun wau ingkang nama Hasêl Sêtrong, saha mitra darmanipun Nonah Jinê Portêr.

XII

Môngga para maos, samangke kula aturi mangsuli cariyos kawontênanipun ing sêtatsiun ing Wiskonsin ingkang sisih lèr, sawatawis wulan ingkang sampun kapêngkêr. Kukusing wana ingkang mêntas kabêsmi katingal amradini papan ing sakiwa têngêning papan-papan ngriku. Kumêluning kukus ngantos adamêl sakiting mripatipun tiyang nêm, ingkang kala punika sami ngêntosi sêpur wontên ing sêtatsiun ngriku, saha ingkang badhe kêkesahan mangidul.

Salêbêtipun sami ngêntosi wau, Tuwan Propesor Portêr tansah mlampah-mlampah sarana tanganipun dipun lêbêtakên ing kanthonging clananipun. Dene sèkrêtarisipun Tuwan Mr. Samuèl Pilandhêr tansah ngawasakên kemawon. Salêbêtipun mlampah-mlampah wau tuwan propesor, jalaran saking pikunipun, sampun kaping-kaping anggèning nglangkungi margi sêpur badhe nuju dhatêng rawa ing sacêlakipun ngriku, lan sabên-sabên kaemutakên saha katarik kaajak wangsul dening Tuwan Pilandhêr, ingkang tanpa sayah anggèning anjagi tuwan propesor wau.

Ing kala punika Nonah Jinê Portêr sawêg rêrêmbagan kalihan: Wilêm Sèsil Kleton tuwin Tarsan. Salêbêtipun ngêntosi wontên sêtatsiun, antawisipun tiyang jalêr kêkalih ingkang sami wawan ginêm wau, wontên salah satunggal ingkang kawêdal panglamaripun dhatêng Nonah Jinê, nanging katolak, amung kemawon ingkang katolak dening Nonah Jine dede Kleton.

--- 940 ---

Dene ingkang ngadêg wontên ing sawingkingipun Nonah Portêr, tiyang èstri cêmêng rencangipun Nonah Portêr ingkang nama Èsmêraldhah. Kala punika Èsmêraldhah katingal sênêng manahipun, jalaran badhe wangsul dhatêng siti wutah rahipun, inggih punika Marilan. Ing wêkdal punika saking pêtênging pêdhut, Èsmêraldhah sagêd nyumêrêpi dhatênging sêpur, ingkang lênteranipun ngajêng katingal nyêmromong. Sanalika punika para tuwan-tuwan lajêng anglêmpak-ngalêmpakakên bêktanipun piyambak-piyambak. Dumadakan Tuwan Kleton cariyos makatên: Ing kamar ngrika wontên barang kula ingkang kantun. Salajêngipun nuntên lumajêng nêdya mêndhêt barangipun wau.

Ing kala samantên Tarsan nyandhak tanganipun Nonah Jinê sarwi wicantên makatên: Kula andhèrèkakên wilujêng, saha mugi-mugi Pangeran amaringana karahayon dhatêng panjênêngan.

Nonah Jinê amangsuli alon: Sami-sami Tuwan. Panyuwun kula, mugi-mugi tuwan anyupèkna dhatêng kula. O, sampun-sampun panjênêngan sampun ngantos supe dhatêng kula, awit manawi kula ngantos anggadhahi manah bilih panjênêngan supe dhatêng kula, kintên-kintên malah kula botên kiyat.

Tarsan amangsuli: Sampun kuwatos, botên badhe manawi kula ngantos supe dhatêng panjênêngan. Mênggah panyuwun kula dhatêng Ingkang Kuwasa mila kêpèngin sangêt sagêda kula supe dhatêng panjênêngan. Awit gêsang kula wontên ing ngalam donya punika badhe langkung gampil katimbang manawi kula taksih tansah angèngêt-èngêt dhatêng prakawis ingkang sampun botên kenging kula ajêng-ajêng malih punika. Nanging mênggahing panjênêngan sampun kuwatos, kula wani anêmtokakên, bilih sugêng panjênêngan punika ing salajêngipun têmtu badhe sênêng. Botên kenging botên, têmtu makatên. Amung kemawon panyuwun kula ing samangke dhatêng panjênêngan, mugi panjênêngan krêsaa ngandika dhatêng sanès-sanèsipun, bilih kula ujug-ujug kêdah bidhal dhatêng Nyu Yorêk mawi motor kula piyambak punika. Awit sajatosipun kula rumaos botên badhe kêconggah pamitan kalihan Tuwan Kleton. Pikajêng kula supados kula punika tansah sagêda mèngêti dhatêng kasaenanipun. Nanging kula kuwatos, bilih wataking sato galak taksih rumasuk sangêt wontên ing sanubari kula, ingkang anjalari kula lajêng botên kiyat ngampah manah kula, manawi ngantos kêkêmpalan kalihan tiyang jalêr ingkang sagêd ngalang-alangi dhaup kula kalihan satunggiling wanita, ingkang sajagad botên wontên ingkang kula trêsnani kajawi piyambakipun piyambak.

Nalika Kleton amangsuli barangipun ingkang kantun wontên ing kamar sêtatsiun sanèsipun wau, dumadakan piyambakipun sumêrêp sêrat tilgram gumlèthèk wontên ing siti. Ing sarèhne piyambakipun gadhah pangintên, bilih suraosing sêrat tilgram wau bokmanawi wigatos, sêrat lajêng kapêndhêt saha kawaos. Sakala punika Kleton supe dhatêng barangipun ingkang kantun, lan ugi supe dhatêng sêpur ingkang sawêg dhatêng, kajawi namung lajêng mêncêrêng ningali dhatêng isining sêrat tilgram wau. Pamaosipun ngantos rambah kaping kalih, sawêg kemawon, Kleton mangrêtos punapa ingkang dados suraosipun.

Sadèrèngipun Kleton mêndhtêt sêrat tilgram wau, piyambakipun angrumaosi satunggiling darah luhur bôngsa Inggris ingkang abôndha-abandhu, nanging sasampunipun mêndhêt saha maos suraosing tilgram, ngrumaosi bangsaning tiyatiyang. pêkir miskin. Dene tilgram ingkang kawaos wau sajatosipun tilgram saking Litnan Dharno ingkang tumuju dhatêng Tarsan, saha ingkang suraosipun makatên: Tapake dariji ambuktèkake, yèn sanyatane kowe kuwi sing Grèstuk. Slamêt. Dharno.

Kleton gêntoyongan kadosdene kadhawahan ing gada sirahipun. Ing kala punika piyambakipun mirêng kônca-kancanipun sami cêluk-cêluk kapurih enggal-enggal lampahipun, awit sêpuripun sampun kèndêl wontên ing sêtatsiun ngriku. Kleton rumaos pêtêng paningalipun. Kanthi sênggoyoran anuju dhatêng sêpur ingkang badhe dipun tumpaki, ing batos piyambakipun anggadhahi sêdya, bilih ing mangke manawi sampun wontên ing salêbêting sêpur, badhe nyariyosakên sadaya mênggah suraosing tilgram wau. Sasampunipun minggah wontên ing sêpur, saha kêmpal kalihan kônca-kancanipun, Kleton anyumêrêpi bilih Tarsan botên wontên ing ngriku, saha lajêng pitakèn dhatêng Nonah Jinê Portê.Jinê Portêr.

Tarsan wontên ing pundi, punapa wontên ing kreta sanès.

Nonah Jinê: Botên, kala sêpur ngajêngakên dhatêng, piyambakipun ujug-ujug gadhah pikajêngan sanès, inggih punika nêdya dhatêng Nyu Yorêk sarana numpak motoripun piyambak. Miturut cariyosipun, kêpengin anjajah tanah Amerikah. Sasampunipun nuntên badhe wasulwangsul. dhatêng Prancis malih.

Kleton botên mangsuli punapa-punapa. Piyambakipun ngupados têmbung ingkang sakeca, kangge nyariyosi Nonah Jinê, bilih piyambakipun kadhawahan bêbênduning Pageran ingkang sakalangkung awrat. Saha ing batos angunandika, kadospundi panampinipun Nonah Jinê manawi mirêng mênggah kawontênaning saliranipun ing samangke punika. Kintên-kintên punapa inggih taksih purun dhaup kalihan piyambakipun, ingkang salajêngipun namung nama Nyonyah Kleton limrah, tanpa mawi sêsêbutan punapa-punapa. Sanalika punika gêgambaranipun katingal anggawêng, kadospundi badhe sangsaranipun, manawi sayêktos sagêd kalampahan, Kleton kecalan bôndha tuwin sêsêbutanipun wau. Nanging mênggahing Tarsan kintên-kintên punapa badhe nêdha wangsul hak wêwênangipun. Ing sadèrèng-dèrèngipun Tarsan kintên-kintên sampun sumêrêp mênggah suraosing tilgram wau, ewasamantên piyambakipun cariyos, bilih botên sumêrêp sintên bapa tuwin biyungipun. Miturut cariyosipun inggih Kala, kêthèk èstri bangkokan, punika biyungipun ingkang sêjati. Anggènipun ngakên makatên, punika punapa namung jalaran saking trêsnanipun kalihan Nonah Jinê Portêr. Makatên, mênggah gagasanipun Kleton. Badhe kasambêtan.

--- 113 ---

Nomêr 29, taun V

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu.

Papa Bisa dadi Nata

Karanganipun R. Kuntasudarsana lan R. Jaka Sugyanta

VIII.

[Durma]

kyai patih jumênêng ngandika sora / e Kadim kowe nuli / mirantia gaman / andhèrèk aku tandang / sing caos dhawuhna gêlis / padha sadhiya / gêgaman kang miranti //

uwong akèh palayune salang-tunjang / nyuwara pating jlêrit / bingung lêng-ulêngan / ngungsi ing pagêlaran / kaya gabah diintêri / uyêl-uyêlan / munggah mênyang sitinggil //

wadyabala pirang-pirang kuthetheran / gaman ora nêdhasi / tumbak watang sêmpal / kêris kalawan pêdhang / sasat ora maedahi / gawe krusakan / gegeran gawe giris //

Maha Prabu Sri Indriya uwis lênggah / ing paningrat nimbali / patih lan nayaka / sawise padha seba / Sang Prabu ngandika nuli / patih wêruha / gajah sing ngamuk kuwi //

Mayadênta klangênanku sing tak eman / mula undhangna patih / sadhengah sing bisa / nyêkêl Si Mayadênta / isih urip bisa lilih / bakal sun trima / sun ganjar dadi pyayi //

kyai patih dadakan galih kagugah / emute mung nyang Kadim / sing sakira bisa / nyêkêl Si Mayadênta / mula banjur ditimbali / Kadim majua / mung kowe sing tak piji //

aja wêdi kangelan aku prêcaya / cêkêlên gajah kuwi / lan sing nganti bisa / lilih atine kêndhak / nanging poma ngati-ati / arahên aja / nganti nêmahi pati //

Kadim nyêmbah kula nun inggih sandika / dhawuh dalêm kapundhi / kula amit pêjah / ki patih lon ngandika / kowe ora tak kon mati / aku dêdonga / dadi lantaran bêcik //

nyêmbah mundur Kadim karo nyangking tumbak / ora anggawa kanthi / têkan pangurakan / wêruh gajah gambira / polah nujah ngolang-ngaling / ngamuk bramantya / tlalene mobat-mabit //

omah-omah ditrajang rubuh balasah / kêkayon bosah-basih / blêdug ngampak-ampak / Kadim marani cêdhak / Mayadênta ditudingi / wuwuh gambira / tlalene mobat-mabit //

suraweyan tumbake nganti kasingsal / polah-polah kalindhih / ora bisa uwal / atine was dhêg-dhêgan / nyana ora wurung mati / nuli kèlingan / jimat kumala sêkti //

sanalika ilang rasa was sumêlang / tanggon tanggap nadhahi / katone si gajah / ora [o...]

--- 114 ---

[...ra] anggôndra pira / prasasat katon sakucing / nuli cinandhak / tlale nuli pinuntir //

Mayadênta anglumba banjur aniba / matane mêrêm mêlik / dhêkêm ora obah / larut bayuning awak / nyêkukruk prasasat mati / wus tanpa daya / kasoran kalah sêkti //

wadyabala surak-surak mawurahan / kaya ngorêge bumi / padha bungah suka / dene Si Mayadênta / kêna cinêkêl ing Kadim / urip-uripan / padha ngalêm ngêploki //

wise nutut Mayadênta tanpa daya / buntute kopat-kapit / Si Kadim samana / malangkêrik angucap / ayo tak sebakke gusti / enggal ngadêga / atimu aja kwatir //

ra-orane sang prabu nyang kowe duka / kowe rak ora lali / yèn dhasar kasihan / tak tanggung dingapura / gonmu nêpsu lagi lali / harak iya ta / sing luput kuwi srati //

Mayadênta ngadêge nyat kanthi gampang / lumaku karo Kadim / jujug pagêlaran / ki patih nuli matah / bupati lapur ing gusti / Sang Sri Indriya / bangêt rêna ing galih //

anêtêpi pangandikane sang nata / nuju dina sawiji / rame ing paseban / miyos Sang Sri Indriya / ingadhêp bupati patih / lan wadyabala / baludag angêbaki //

wigatine sang nata paring ganjaran / marang labête Kadim / diunggahke pangkat / jinunjung saka ngandhap / ditêtêpke dadi mantri / samêngko aran / Ngabèi Pranagati.

Nglela-lela Bocah

(Lagone kaya dolanan: jambe-jambe thukul).

1. lela-lela ledhung - sun êmbane / ing pamurihipun supayane / dimèn bangun turut bocah kiye / cêp mênêng wis turua - tumêka bangun raina / kaya waluh gêdêbuge / gumalundhung lir watune / - lan kalis sambekalane //

2. ingsun amumuji - muga-muga / ingkang maha agung, pinarêngna / bocah waras subur, sinung bêgja / (sa)rap sawan tan uninga - bagas waras cumêpaka / muga-muga pinarêngna / tan kurang sawiji apa - lumèbèr sadayanira //

Pak Gathot.

--- 115 ---

Ulah Raga

Ing jaman dhèk biyèn, bocah-bocah Jawa durung ngrêti kang diarani ulah raga. Mungguh ulah raga mau wose patrap amolahake awak kang pakolahe bisa gawe kawarasan, kaya ta bal-balan sapanunggalane.

Nanging satêmêne tumrape bocah Jawa, ulah raga mau iya wis duwe, iya iku bangsaning dolanane bocah lanang, kaya ta jor, kêndhi gêrit, lan liya-liyane, nanging ora dirumasani yèn patrape kaya mangkono mau agawe kawarasan, mung dianggêp kasênêngan.

Dene tumrape bocah wadon, kang diarani ulah raga, iku uga ana kang nganggo ngobahake awak, nanging iya mung dianggêp sênêng-sênêng bae, lan seje karo dolanane bocah lanang.

Barêng jamane kamajuan, prakara ulah raga wau warna-warna bangêt, ana kang maligi kanggo bocah lanang utawa mung kanggo bocah wadon, malah ana kang momoran.

[Grafik]

Kaya ta bangsane bal uncal, iku padha ditindakake bêbarêngan. Kang kacêtha ing gambar, iku bocah wadon arêp nguncalake bal. Coba, grêgrête apa ora mêdèni.

Kajaba iku isih ana manèh ulah raga tumrap bocah wadon, malah ulah raga mau sumrambah bangêt.

Yèn ngèlingi tumindaking ulah raga bocah wadon ing jaman saiki, kêna diarani ora beda kaya bocah lanang, mula iya ora anèh yèn bocah ing saiki tinêmu padha waras-waras lan rosa, tandange padha cikat-cikat.

--- 116 ---

Kasênêngan ing Môngsa Karamean

Tumrape bocah cilik, yèn nuju ana karamean, upamane pasar malêm, sêkatèn, pasar gambir lan liya-liyane, iku kang akèh padha sênêng-sênêng nênunggang, ana kang kapengin nunggang jaran-jaranan, motor-motoran, motoran mabur sapanunggalane. Saka sênênge mênyang bab kaya ngono mau sok nganti lali jajan, sangune êntèk kanggo nênunggang.

[Grafik]

Pasêmone bocah kang nuju kalêgan atine yèn nuju ana tontonan kaya ngono mau nganti ketok bangêt, yèn nuju nunggang jaranan, rumasa kaya nunggang jaran têmênan. Sênênge bocah kang mangkono iku mêsthine iya gawe sênênging wong tuwane, malah trêkadhang jalaran saka rumêksa mênyang anak, saka nyamarake yèn anake tiba, wong tuwane mau iya milu nunggang. Samono ngemane wong tuwa mênyang anak.

Tumrape papan panggonan tontonan kang jêmbar, trêkadhang dianani sêpuran cilik, prêlune kanggo mirantèni wong-wong kang nonton supaya anggone mubêng-mubêng ing papan kono cukup nunggang sêpur iku bae, dadi ora kêsêl. Iku tinêmune nyata, yèn ana tunggangan kaya ngono akèh bangêt wonge kang nunggang, nanging kang akèh iya mung bocah cilik utawa wong tuwa bôngsa Walônda, malah ketok kanggo tontonan.

Durung suwe ing Malang ana pasar malêm, uga dianani têtunggangan kang kaya ngono. Ing nalika pambukake, panggêdhening nagara sapanunggalane banjur mubêng-mubêng nunggang sêpuran cilik mau. Kabèh padha ketok sênêng, sabanjure dadi tontonan akèh wong kang nunggang têtunggangan mau.

Ing bab têtunggangan ing papan karamean iku anane wis lawas bangêt. Nanging dhèk samana isih sarwa prasaja bangêt, mung arupa kretan mubêng-mubêng disurung uwong. Tinêmune dhèk samana, iya wis nyênêngake bangêt. Suwe-suwe banjur ana kang lakune sarana mêsin, lan rupa-rupa bangêt.

Malah tumrape tunggangan saiki, ora mung dadi kasênênganing bocah bae, sanadyan wong tuwa iya dhêmên, awit nyatane pancèn mêdèni, kaya ta ana tunggangan mubêng mandhuwur, yèn nuju tiba dhuwur nganti kêthip-kêthip.

--- [0] ---

Kêtliwêng Barêng

Kacariyos ratu ing nagari Gêmahraharja, kèrêm sangêt dhatêng pangagêman. Saking kasêngsêmipun ngantos kasupèn manggalih dhatêng ruwêt rêntênging praja. Panggalihipun onggrongan.

Kawontênanipun sang prabu ingkang makatên wau ngantos misuwur dumugi sanès nagari, andadosakên kathahipun para sudagar ingkang sami ngladosakên pangagêman.

Kacariyos wontên sadhèrèk kêkalih kakang adhi, juru apus nama Danu lan Dani, gêsangipun rukun.

Anuju satunggiling dintên Danu wicantên dhatêng adhinipun niyat badhe ngapusi sang prabu, cara-caranipun ugi kacariyosakên sadaya. Dani angrujuki.

Enjingipun lajêng sowan sang nata, malêbêtipun dhatêng kadhaton anyarêngi para sudagar ingkang sami ngladosakên pangagêman.

Danu Dani kadangu prêlunipun sowan. Danu munjuk yèn sagêd nênun badhe agêman ingkang adi aèng, sarta munjuk yèn kathah para nata ingkang sami dhawuh nênunakên pangagêman. Panggalihipun sang prabu kèlu, lajêng kadhawuhan anênunakên sarta kaparingan badhenipun jêne kalih katos lan bênang sutra. Tiyang kêkalih kalilan mundur.

Danu lan Dani bingah manahipun. Dumugi ing griya lajêng sami ropyan-ropyan, andadosakên gumunipun tôngga têpalih.

Enjingipun lajêng wiwit nênun wontên salêbêting kadhaton.

Sang prabu utusan para nayaka kadhawuhan anyatakakên. Sadumuginipun ing panggenan nênun utusan gumun dene ingkang dipun tênun botên katingal, pancèn sajatosipun namung apus-apusan. Nanging sarèhning para nayaka wau sami lumuh kawastanan tiyang bodho, mila lajêng nglairakên pangalêmipun. Juru tênun kêkalih mongkog manahipun, dene gêlaripun sagêd tumama. Para nayaka sami wangsul sowan sang nata.

Sang nata mirêng aturipun utusan karênan panggalihipun. Lajêng utusan malih para bupati. Pamanggihipun botên bèntên kados utusan ingkang kapisan.

Sapunika sang prabu karsa anyatakakên piyambak. Dene panggalihipun sang prabu ugi botên bèntên kados para utusan.

Sarêng anggènipun nênun sampun rampung, lajêng kadhawuhan anjarumi.

Anuju satunggiling dintên sang prabu têdhak pêpara, ngagêm agêm-agêman anggènipun yasa. Sarêng sampun samêkta, lajêng jêngkar, kadhèrèkakên para kawula agêng alit.

Wontên ing sauruting margi rame suwantênipun tiyang ningali sami angraosi sang prabu, dene namung ngagêm rasukan gondhil tuwin calana buntung. Sang prabu mirêng raosanipun para kawula, manggalih lingsêm. Nanging dipun tahan-tahanakên ngantos dumugi ing kadhaton. Sadumuginipun ing kadhaton juru apus sampun minggat.

Ing nginggil punika cêkakanipun Sêrat Katliwêng Barêng. Cariyosipun lucu tur anêngsêmakên.

Rêginipun kaandhapakên, rumiyin f 0.25 sapunika ... f 0.10

Wêdalan - Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 60 Rê Lê, 29 Bakdamulud Jimakir 1866, 31 Juli 1935, Taun X

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [941] ---

Ôngka 60 Rê Lê, 29 Bakdamulud Jimakir 1866, 31 Juli 1935, Taun X

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka ing sawingkinging kantor Palis, tilpon nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Douglas "Gaai" - Santun-sumantuning Dhawuh - Bab Kasarasan - Kawontênan ing Ngabêsi kalihan Itali - Gancaran Wiwitipun Wontên Karamean Sêkatèn - Wawasanipun Petruk - Kabar Warni-warni - Wêwaosan.

DOUGLAS "GAAI"

[Grafik]

Kapal mabur Douglas "Gaai" ingkang sampun kawartosakên kasangsaran, nalika wontên ing Amsêtêrdham anggêgana wontên sanginggiling kitha.

--- 942 ---

Kawruh Sawatawis

Santun-sumantuning Dhawuh Pranatan Nagari Tumrap Karaton Dalêm Surakarta Adiningrat ing Taun 1889-1916.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 59.

Èngêt-èngêtan wiwit ing taun 1898 awitipun sahandhap sampeyan dalêm Ingkang Wicaksana kaparêng asring amêng-amêng pêpara dhatêng sanès nagari, kados da:ta. pêpara dhatêng Surabaya, Sêmarang, Batawi sapiturutipun dumugi sapriki kala-kala taksih asring kaparêng pêpara ing laladan têbih, ing Bali, Lampung tuwin sanès-sanèsipun.

Makatên malih sasurud dalêm raka-raka dalêm 1 Kangjêng Gusti Prabuwijaya, 2 Kangjêng Gusti Harya Mataram, dumugi sapriki kirang langkêp sampun kawandasanan taun laminipun ing karaton dalêm dèrèng wontên malih pangeran ingkang kaangkat sêsêbutan: kangjêng gusti.

Lêt sawatawis taun malih ing karaton kaparêng nyuda cacahing abdi dalêm punapadene ngrucat abdi dalêm golongan punakawan sasaminipun ingkang sakintên sampun sakêdhik prêlunipun lajêng dipun icali botên dipun wontêni malih.

Pawingkingipun malih, awit saking kaparênging karsa dalêm ingkang wicaksana, karsa amaringi nama-nama enggal utawi nyantuni nama lami tumrap kantor-kantor tuwin bangsal-bangsal, gêdhong sapanunggilanipun ing lêbêt karaton, kados ta: gêdhong carikan kapindhah nama: Sanawilapa. Gêdhong kêpilihan pindhah nama: Kridhahardana. Gêdhong kênitèn pindhah nama: Marduyagnya. Gêdhong kothak wayang, pindhah nama: Lêmbêsana. Bangsal manguntur (sitinggil) kapindhah nama: Siwayana. Bangsal winata (pagêlaran) kapindhah nama: Sanasumewa. Tuwin sanès-sanèsipun malih taksih kathah, malah salong ngantos nama enggal wau namung kandhêg wontên ing sêrat-sêrat paprentahan kemawon, ing pakêcapan umum taksih katêlah mastani namanipun lami kemawon dening kêtlêtuh saking sampun laminipun.

Amangsuli cariyos rikalanipun jumênêngan dalêm nata kasêbut nginggil, ugi nunggil ing dintên wau (Kêmis wulan Ramêlan tanggal kaping 12 Je 1822) sasampunipun kakêpyakakên ing têtêpipun dening tuwan residhèn saha kaundhangakên wradin dening pêpatih dalêm wontên bangsal sitinggil, sahandhap sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun sakalihan tuwan residhèn lajêng nitih rata kêncana, miyos angidêri kitha, para agung para luhur punapadene para pratiwa agêng alit kêbut andhèrèkakên, anjajari, ngurung-urung tuwin anggarêbêg ing wingking, makatên malih arak-arakan ampilan kaprabon dalêm kêkêrigan. Sasampuning têpung gêlang jêngkar angadhaton. Wadya ingkang sumewa kalilan bibaran. Badhe kasambêtan.

P.K. 585.

--- 943 ---

Bab Kasarasan.

Kadospundi lan ing Wêkdal punapa Kula Tiyang Limrah Kenging utawi Sagêd Têtulung dhatêng Tiyang ingkang Kataman Sêsakit.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 59.

Tatu ingkang mawi oedeem makatên punika botên gampil sarasipun.

Ing nginggil punika wau mratelakakên bab anggènipun badan nanggulangi wisa saking baktèri ingkang lumêbêt ing tatu. Sapunika kadospundi badan sagêdipun nanggulangi bakteri ingkang lumêbêt ing tatu inggih ing êrah punika.

Badan punika botên namung jagi nadhahi nulak bêbaya wisa kemawon, nanging inggih kêdah sagêd mêjahi utawi nyirnakakên bêbaya baktèri ingkang lumêbêt ing badan (êrah punika).

Badan sagêdipun nandangi kanthi saèstu inggih punika sarana kakiyatanipun witte bloedcellen (dat pêthak).

[Grafik]

Wujuding pêrban punapadene mêrban tatu ing tangan.

Ing êrahipun tiyang utawi kewan punika, kajawi bloedvocht wontên bloedcellen kalih warni, inggih punika dat pêthak lan dat abrit ingkang sami wontên ing salêbêting bloedvocht.

Samôngsa wontên baktèri ingkang lumêbêt ing badan (êrah), baktèri wau ingkang limrah lajêng môngsa utawi ngrisak dat abrit, dene dat pêthak gêsangipun ing êrah (bloedvocht) tansah têlusuran ngupados bayangan kadosdene gêsangipun ulam ing toya pados mêmangsan makatên, bokmanawi dat pêthak punika pancèn panjagi kawilujêngan ing salêbêting êrah (badan) jalaran yèn mrangguli baktèri lajêng jênggirat kadosdene dipun gugah enggal sami tumandang ngêpang baktèri dipun têdha utawi dipun risak. Dat pêthak ingkang kêkathahên [kêkathahê...]

--- 944 ---

[...n] panêdhanipun baktèri sagêd pêjah, jalaran saking wisanipun baktèri wau. Nanging saking kathahipun dat pêthak wau inggih botên ajrih, malah saya ngangsêg pamêngsahipun dhatêng baktèri tanpa kèndêl ngantos maèwu-èwu cacahipun dat pêthak kalihan baktèri ingkang pêjah, bangkenipun dat pêthak lan bakteri kêmpal dados satunggal amujudakên nanah, saya ambêbayani tumrap kasarasaning badan. Milanipun nanah wau kêdah mêdal saking tatu utawi saking badan, awit manawi botên sagêd mêdal tatu tansah lêbêt dipun urêng nanah, manawi nanah kalêbêt ing êrah (badan) sagêd aniwasi, namanipun bloedvergiftiging.

Baktèri punika wontên mangsanipun kêras lan kirang kêras, dados baktèri wau botên lajêng kêras.

Baktèri ingkang kêras langkung ambêbayani tumrap kasarasanipun badan tiyang.

Yèn baktèri lumêbêtipun ing tatu sawêg sawatawis jam 3-4 jam, punika dèrèng patos kêras, nanging manawi sampun langkung saking 7-8 jam baktèri wau sagêd kêras amargi sampun pikantuk têtêdhan lajêng sagêd tangkar-tumangkar, dados langkung kêras lan ambêbayani.

Baktèri ingkang wontên ing kulit ing jawi punika botên sapintêna kêrasipun lan botên ambêbayani, nanging yèn sampun lumêbêt ing kulit ingkang babak utawi tatu, lajêng sagêd ambêbayani. Mila tiyang ingkang sawatawis dangu botên korèngên utawi botên wudunên punika sanajan ing kulit wontên baktèrinipun botên kêras lan botên ambêbayani.

Nanging tiyang ingkang korèngên utawi tatu botên dipun opèni utawi dipun jampèni, punika gampil sangêt andhatêngakên baktèri ingkang kêras lan ambêbayani, amargi badan sakojur lajêng sagêd katularan korèng utawi wudun wau.

Tiyang ingkang sêmbrana anggêpok tatu ingkang sampun mêdal nanahipun, punika gampil sangêt katularan, punapa malih manawi kalêrês wontên kulitipun ingkang babak utawi bêsèt, sanajan botên katingal saking alitipun, punika lajêng bêncirih sagêd thukul sêsakitipun korèng ingkang sagêd ambêbayani.

Nyambêti Kajawèn nomêr 56 ingkang jalaran kècèr pangêsètipun.

Ing kulit tiyang gêsang punika kathah kewanipun lêmbat-lêmbat, manggèn utawi tumèmplèk ing ngriku, mèh sabên kulit ingkang wiyaripun saarta talenan wontên kewanipun ewon, rèhning saking lêmbatipun dados botên sagêd katingal.

Kulit punika ingkang perangan nginggil utawi jawi langkung kasar utawi rênggang tinimbang ing nglêbêt utawi ngandhap, kulit ing jawi sabên dintên nglothok sakêdhik. Icalipun klothokan kulit wau sarana dipun kumbah utawi adus. Saking nglêbêt kulit mundul (thukul) gumantos ingkang sampun nglothok (ical) wau, saèmpêr kadosdene wit-witan kulitipun ingkang jawi nglothok ical lajêng mundul utawi thukul malih. Badhe kasambêtan.

R. Sumadirja. Ind. Arts. Kudus.

--- 945 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Ngabêsi Tuwin Itali.

Ing bababab. wasulayaningpasulayaning. rêmbag nagari Ngabêsi kalihan Itali, kados sampun botên kenging dipun pênggak malih, malah wontên pangintên, pêpêrangan wau badhe kalampahan wontên ing wulan Sèptèmbêr utawi Oktobêr.

Manawi ngèngêti anggèning Ngabêsi atêpang watês kalihan jajahan nagari sanès, punika lajêng kenging kangge titikan, malah badhe anggampilakên tuwuhing pasulayan, awit satunggal-satunggaling nagari inggih sami anggadhahi kabêtahan ingkang gêgayutan kalihan Ngabêsi. Mênggah cêthanipun, nagari-nagari ingkang anggadhahi jajahan têpang watês wau sami ngangkah sagêdipun angsal asil saking tanah Ngabêsi ngriku.

[Grafik]

Sang Nata Itali nuju anjênêngi paradhê ing Romê.

Kados ta Inggris, punika katingalipun botên sapintêna anggènipun ngangkah pasitèn ing ngriku, nanging ambêtahakên sangêt sagêdipun angsal toya ilèn-ilèn saking tanah ngabêsi, prêlu kangge ngoncori pasitèn bawah Inggris ing Sudhan.

Sayêktosipun sêdyanipun Inggris ingkang makatên punika, pikantukipun malah adamêl pakèwêdipun Ngabêsi, awit lajêng kadosdene mêpêt margi ingkang mikantuki tumrapipun ngabêsi. Saya malih manawi Prancis lajêng anggêlêngakên tekad nunggil kalihan Itali, punika saya ambêbayani sangêt, amargi Ngabêsi lajêng kacêpit ing panguwaosing mêngsah. Nanging tumrapipun Inggris, ing bab èwêd-pakèwêdipun Ngabêsi malah sagêd matrapakên rêmbag ingkang sami dene mikantuki, namung tumindakipun sarana sêsidhêman. Wusana sarêng bab punika kasumêrêpan [kasumêrê...]

--- 946 ---

[...pan] dening Itali, Itali rumaos kataman ing sabab ingkang sakalangkung agêng, awit mangrêtos bilih Inggris anggadhahi tindak rêrukunan kalihan Ngabêsi.

Lêlampahan ingkang kados makatên punika saèstunipun tumrap Itali lajêng gadhah manah sujana dhatêng Inggris, mila sarêng wontên rêmbag saking Inggris dhatêng Itali, supados anggèning pasulayan lajêng rukuna kemawon, Itali mangsuli bilih anggèning sadhiya dêdamêl sampun mirantos, botên sagêd ngundurakên malih. Malah miturut pawartos, panêmpuhipun Itali punika namung ngêntosi kalamôngsa ingkang prayogi kemawon.

[Grafik]

Tiyang èstri bôngsa Sudhan numpak Kuldi.

Ing wêkdal punika pinanggihing wadyabala tuwin dêdamêl, Itali sampun sarwa sumadhiya, samôngsa-môngsa sagêd tumêmpuh tanpa kuciwa. Malah wadyabala wau sampun mawas dhatêng satunggil-satunggiling panggenan ingkang badhe dipun têmpuh.

Ing salajêngipun wontêning rêmbag ing bab babagan pasulayanipun Ngabêsi kalihan Itali, kados-kados sampun angèl sagêdipun dipun dandosi murih sandenipun.

Inggih jalaran saking wontêning wiji pasulayan wau sampun saya ngrêbda, dhadhakan ingkang anjalari dados urub-urub tansah wontên kemawon. Kados ta wontên bôngsa Ngabêsi 25 sami dipun cêmêngicêmêngi. jalaran sadean barang-barang. Kosokwangsulipun wontên tiyang Itali dipun cêpêngi dening tiyang Ngabêsi.

Dene tumrap Amerikah taksih katingal pangudinipun murih pasulayan punika sagêd rukun, namung ngêntosi golonging rêmbagipun nagari ingkang sami gêgayutan. Ing salajêngipun lajêng tuwuh pawartos warni-warni, wontên ingkang martosakên bilih Inggris botên purun nyadèni dêdamêl dhatêng Ngabêsi malih, nanging lajêng wontên ingkang martosakên, Inggris botên badhe mambêngi ing bab punika.

Ing sapunika tumrapipun Ngabêsi, jalaran rumaos tansah kataman panantangipun Itali, Nata

--- 947 ---

Ngabêsi Raja Haile Selassie ngantos anglairakên pangandika kawrat ing sêrat kabar ing Amerikah, bilih Ngabêsi botên pisan-pisan badhe nyukani palilah badhe damêl margi sêpur utawi sanèsipun, wontên ing jajahan Ngabêsi, ingkang dipun kuwaosi dening Itali, awit panguwaos makatên wau botên sande badhe lajêng mêndhêt pasitènipun ngriku. Ing bab padhamèn, Ngabêsi pancèn ngajêngakên, nanging manawi Itali badhe nêmpuh, inggih dipun ladosi.

Mindhak dintên dêrêngipun ingkang sami badhe pasulayan saya katingal, Itali sampun ambidhalakên kapal ingkang ngêwrat motor mabur, kajawi punika wontên kapal malih ênêm, sami ngêwrat wadyabala. Salajêngipun wontên pawartos, bilih Sang Musolini badhe dhatêng Erithrea numpak motor mabur ingkang dipun lampahakên piyambak. Tindakipun makatên punika namung kangge animbangi dhatêng pangandikanipun nata ing Ngabêsi, ingkang asuraos, samôngsa wontên prêlunipun, badhe ngêdali dhatêng paprangan piyambak, anindhihi wadyabala ingkang nanggulangi panêmpuhipun Itali.

Mirid katrangan, Nata Ngabêsi saya nindakakên pajagèn kasantosaning rakyat, ing samôngsa wontên pêpêrangan. Malah tumrap ngabêsi, tuwuhing grêgêt anggènipun botên purun nampèni usul, punika botên tumrap dhatêng Itali kemawon, sanadyan rêmbagipun nagari-nagari sanès inggih botên badhe dipun tampèni.

Nata ngabêsi nate mêdhar sabda ingkang saya sagêd nênangi manahing rakyat, inggih punika ingkang asuraos, sang nata langkung bingah sirna sêsarêngan kalihan rakyat wontên ing maprangan,paprangan. tinimbang masrahakên kamardikanipun.

Sabda nata ingkang kados makatên punika dayanipun sagêd angèngingi dhatêng para rakyat Islam, lajêng nêdya ambelani dhatêng bangsanipun, ingkang sami agami Kristên, punika dados pasaksèn ingatasing panunggilipun kabangsan, dados botên cocog kalihan wontêning pawartos ing bab anggèning golongan kalih wau botên cocog.

Wusana pinanggihing pawartos ingkang kantun, ing bab punika saya dados rêmbagipun nagari sanès ingkang sakalangkung wigatos.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 2761 ing Surabaya. Botên sade.

Lêngganan nomêr 1586 ing Punggawan, Sala. Wisêl f 1.50 punika tumrap wulan Pèbruari dumugi April 1936 (botên kangge Juli - Sèptèmbêr 1935).

Lêngganan nomêr 1375 ing Srêngat, f 3.- sampun tampi.

Lêngganan nomêr 3067 ing Pêngulon, Sala, f 3.- sampun katampi.

Pawartos saking Rêdhaksi

Tuwan S.S, ing Ngayogya. Karangan Panjênêngan punika mathukipun kapacak ing ariwarti. Kauningana.

Bab Buku

Rêdhaksi Kajawèn sampun nampèni buku saking toko buku S.M. Diwarna ing Kuthagêdhe, Ngayogya. Awarni buku Kyai Agêng Gribig, karanganipun K.M. Sasrasumarta.

Buku wau nyariyosakên sarasilahipun Kyai Agêng Gribig, ingkang sapriki pasareanipun misuwur dados pasujarahan, saha ing sabên wulan Sapar dipun wontênakên karamean ingkang dipun wastani Yakawiyu. Buku punika sanadyan alit, isinipun nêngsêmakên, tur gêgayutan kalihan kawruh babad. Rêgi f 0.30.

Sintên ingkang badhe mundhut kintêna sêrat dhatêng ingkang ngêdalakên kasêbut nginggil.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên panuwun.

--- 948 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Gancaran Wiwitipun Wontên Karamean Sêkatèn (Sahadatèn).

Sambêtipun Kajawèn nomêr 59.

Wondene tatacara ingkang gandhèng kalayan kapitadosanipun agami Buda saha ingkang kaèstokakên dening têtiyang kathah, inggih punika:

1. Sêmadi, 2: Sasaji tuwin kêkutug dupa ratus, 3. Pasamuwan tayub.

Sêmadi punika mêngku kajêng ngêningakên cipta pamrihipun pikantuka sasmita sawantah saking dewanipun, ing bab panindak ingkang sampun saha ingkang badhe linampahan.

Sêsaji tuwin kêkutug punika mêngku kajêng asok bêbana dhatêng jawata tuwin pri prayangan, supados anjurungana utawi sampun adamêl gora-godha dhatêng sadaya sêdya sakukubanipun.

Pasamuwan tayub, para têtiyang Buda, yèn mangun suka wiwaha dhauping pangantèn sami rêmên tayub. Punika gadhah anggêp anglêluri karameanipun para dewa panutanipun. Ingkang kaemba, karamean ing Ngendraloka. Kados ta: swaraning gêndhing gôngsa tinatap punika ingkang kaemba swaraning gamêlan Lokanônta.

Wanita sinumbaga anjogèd sinambi sindhèn anut wiramaning gêndhing, punika ingkang kaemba pangigêling widadari anglêlèdhèk dhatêng jawata ingkang katarimah lêlabêtanipun.

Priya ambêksa anampèni panglèdhèking waranggana linarihan para kulawarga, punika ingkang kaemba, lenggot bawanipun para dewa ingkang mêntas nambutkarya.

Tatacara kabudan tigang prakawis wau, tumraping kukum Islam tetela dhawah karam saha musrik, mila saking sakêdhik kêdah binudi icalipun. Nanging sarana ingkang mikantuki damêl, inggih kêdah mirib tatacara wau sarta panindakipun kêdah cocog akalayan kaislaman. Bab sêmadi, saking sakêdhik kapardia dados: solat, bab sêsaji kapardia dados sidhêkah utawi jakat. Bab karamean sarana gôngsa, sagêda dados pasamuwan angluhurakên dintên agêng Islam nanging binucal ingkang dhawah karam saha musrik. Dados sadaya lampah pêpiridaning tatacara kabudan wau, têtêp namung minôngka gêlar utami.

Gandhèng kalayan adêging praja, gêlar pamiluta wau saya prayogi yèn katindakakên saking tataning praja. Tumrap nagari Dêmak ingkang dhêdhasar agami Islam, wajib angluhurakên dintên agêng Islam. Dene dintên agêng ingkang wajib dipun luhurakên wau inggih punika: dintên agêng Idulfitri (tanggal kapisan wulan Sawal), dintên agêng Ijulmadkha (tanggal sadasa wulan Bêsar) saha dintên agêng Maolud Nabi (tanggal kalih wêlas wulan Rabingulawal), dados sataun rambah kaping tiga, nama sampun dhawah prayogi. Dene ingkang prayogi kaagêngakên inggih punika dintên agêng Maolud Nabi (wiyosanipun Kangjêng Nabi Muhammad s.a.w.). Mênggah caranipun ing sadèrèngipun têmpuking damêl pasamuwan dintên agêng, gôngsa agêng ing Dêmak

--- 949 ---

tinatap saking sripanganti dhatêng masjid Agêng, tansah tinabuh urut margi mêdal ing alun-alun, dumugi plataran masjid pinrênah sakiwa têngêning plataran, gôngsa agêng kalih rancak tansah tinabuh gêgiliran dumugi bêdhug dalu.

Para abdi dalêm pangulu naib tuwin modin sasantrinipun sami kadhawuhan dhêdhikiran ing sarambi masjid agêgiliran.

[Grafik]

Untabipun têtiyang nuju sêkatenan ing Ngayogyakarta.

Wiwit ungêling gôngsa, para abdi dalêm bupati panèwu mantri pasisiran sami tinimbalan mara sowan ngiras pantês angaturakên bulubêkti sumungkêmipun dhatêng narendra. Pangrêrêmanipun para bupati môncapraja, kadhawuhan yasa pasowanan munggwing alun-alun kangge makajangan dumugi têmpuking damêl.

Ing plataran masjid cinawisan sidhêkah awarni sêkul ulam têtêdhan tuwin arta winangun ambêngan saèmpêr sêsajinipun têtiyang Buda ingkang nyajèni para dewa tuwin jim pri prayangan. Ing ngriku dipun wontêni sêsorah bab barkah manpangatipun ngalindhunga agami Islam.

Saking dayaning gôngsa agêng ingkang tinabuh wau, têtiyang kathah tamtu sami rêbat dhucung murugi dununging gôngsa. Awit kajawi sami rêmên dhatêng karamean ingkang sarana ungêling gôngsa wau, ugi sami gadhah piandêl bilih punika karameanipun agami Buda angluhurakên para dewanipun. Sadumuginipun ing plataran mêsjid kajawi dipun sêsorahi piwulang Islam têtiyang wau sami dipun sukani sidhêkah boga arta ingkang sampun kacawisakên awujud ambêngan wau. Ing sadèrèngipun ambêngan sidhêkah kaparingakên dipun dongani cara Arab rumiyin ingkang suraosipun andêdonga dhatêng Allahu ta'ala, para Malaekat para Nabi, para Rusul, têtiyang kathah kapurih ngamini, ingkang suraosipun ngamini punika atêgês sami ngakêni dhatêng wontênipun Allahu ta'ala, para Malaekat saha para Nabi (peranganing iman).

Lare-lare ingkang sampun sami manut manahipun dhatêng agami Islam, lajêng wiwit kapurih anglampahi sunat rukuning agami Islam sarana ngucapakên kalimah sahadat sinarêngan: kapagas ikutipun. Badhe kasambêtan.

S. Hars.

--- 950 ---

Wawasanipun Petruk

Bab Konggrèsing Para Wanita.

Candhakipun Kajawèn ôngka 59.

Yèn aku ngandhakake ing bab sêsorahe para wanita ana ing konggrès padha pênting-pênting, sarta marêmake ati, sanadyan tumrap kaum priya pisan, kuwi ora jênêng aku andopok, utawa nêdya golèk pêndhok mênyang para wanita. Babar pisan ora. Iki lugu mêtu saka rêmpêluku. Kanggo nyatakake yèn omongku mau bênêr, ora mung umuk thok bae, ing kene aku tak mêthik sathithik. Kaya ta sêsorahe Nyonyah Sri Mangunsarkara, ing bab karêpe wanita dadi ibuning bôngsa, kuwi wosing sêsorah ana sing muni mangkene:

Sabên manusa dititahake dadi umat, kuwi anduwèni kuwajiban kang wis dikodratake, yaiku anguwatake golongane dhewe-dhewe. Dadi nyatane sabên manusa kuwi duwe kuwajiban nguwatake turunane.

[Grafik]

Sabanjure ana manèh sing muni mangkene:

Sajêroning kuwajiban nguwatake turunan mau, pagaweane wong lanang lan wong wadon, bakune beda-beda. Pagaweane wong wadon: mulasara turunan, pagaweane wong lanang: anjaga turunan.

Mara, apa ora apik bangêt kiyi, lan tumrape kaum priya apa ora marêmake ati. Ing kono wis diakoni, yèn pagaweane lanang lan wadon kuwi pokoke pancèn beda-beda. Wong wadon sing mulasara, wong lanang sing anjaga turunane. Wah, nèk wong lanang wong wadon wis padha cocog kabèh karo cara sing kaya ngene kiyi, cêkake: jagung bakarane, kaanane ing dunyane dhewe iki mêsthi: bèrès. Sabab sing dadi wong lanang, yèn arêp nêtêpi kuwajibane sing têmênan, têmtune banjur ora bisa kobêr arêp: pêtentengan adledar-dlèdèr turut pêcinan, this-thisan turut lurung, sabên sore arêp bêgandêring, sing salah wèsêl, utawa iya ora kobêr yèn ta arêp urip mangro, têgêse: ana ing ngomah dadi kêpala somah, ana ing paran ngaku: ... jaka grès. Sabab kuwajiban anjaga turunan kuwi, wah, kudu mirunggakake wanci kang ombèr bangêt. Jalaran ing kono atêgês: anjaga kaslamêtane turunane. Anjaga kaslamêtan mau karêpe, iya anjaga: pangane, sandhange, kuwarasane, budi pakartine, kalakuane, lan sapêpadhane. Mara, iki apa [a...]

--- 951 ---

[...pa] ora kuwajiban sing abot bangêt.

Kosokbaline kaum wanita, yèn arêp nêtêpi têmênan kuwajibane, yaiku mulasara turunane mau, têmtune iya ora kobêr barang-biring, awit mulasara turunan kuwi ya mirunggakake wanci sasayahe bangêt, kang anjalari banjur ora kobêr mikir kêpingin duwe: klambi brokat, sidhêpowal, kasut drinjing lan sapêpadhane, ora kobêr arêp adu kucing karo gunung, ora kobêr duwe melik arêp ngrêbut wawênange wong lanang, awit rumasa wis duwe wêwênang dhewe, malah têmtune iya ora kobêr nganti pirang-pirang dina ... lunga konggrès. Awit ninggal kuwajibane ngomah saêjam bae rasane iya wis mêlang-mêlang bangêt. Hara, apa ora kêna diunèkake pênting lan utama bangêt sêsorahe mau, awit ing kono ngojok-ojoki uwong kabèh supaya padha nindakake kuwajibane kang kanthi têmên-têmên.

Banjur saiki sêsorahe Nyonyah Emah Puradirêja, ing bab karêpe para mudha ing sajêrone pagêrakan wanita Indhonesiah. Ing kono ana wosing sêsorah sing muni mangkene: De jeugd is de toekomst van een land en een volk, mungguh têgêse kira-kira: kaanane para mudha andhêdhêr kaananing tanah lan bôngsa sajêroning wêktu kang bakal têka.

Iki pancèn iya nyata, yèn para mudha padha jêmpol, ing kono mêngko bisa bakal tinurutan apa kang digayuh. Mung aku rada gêla sathithik, dene ora nganggo disambungi: In het heden light het verleden, têgêse kira-kira: anane saiki jalaran saka biyèn. Nèk sing dijunjung-junjung kuwi mung para mudha bae, apa sing tuwa-tuwa kuwi mung dianggêp ora kanggo gawe, wajibe mung kudu di: Apêkir. Ora nganggo dipikir yèn anane para mudha sing jêmpol-jêmpol kuwi, iya jalaran saka sing tuwa-tuwa mau.

Sabanjure sêsorahe mau ana wose sing mangkene:

Mula wis kodrat, yèn kaum ibun iku diwajibake anggulawênthah marang sawijining bôngsa. Jalaran saka iku, kaum ibu kudu tansah nitipriksa marang kabèh prakara kang gêgayutan karo prakara panggulawênthah kang dadi dhasaring para mudha.

[Grafik]

Sêtèlêngan barang-barang dêdamêlan tangan wontên salêbêtipun konggrèsing wanita.

Iki aku cocog bangêt, kiraku iya mangkono panêmune wong lanang umume. Sing mikir lan anêngênake têmênan marang anggone manggulawênthah turunane sing nganti sampurna bangêt, supaya turunane mau bisa dadi wong sing pinunjul. Iki mula iya angèl lan kudu mirunggakake wanci kang akèh bangêt. Jalaran saka iku mulane wong wadon aja kakehan anggone mikir: [m...]

--- 952 ---

[...ikir:] sang, sing, mundhak mung arêp ambuthêkake anggone arêp anggulawênthah nyang turunane bae.

Mara, apa ora pênting manèh sêsorah iki, awit ing kono ngojok-ojoki wong akèh, supaya wong wadon aja nglirwakake kuwajibane anggone dadi biyung mulasara turunane.

Apa manèh sêsorahe Nyonyah Ratnasari, kuwi saya anggone pênting. Sabab ing kono ngêlèkake para sing padha nyeda lan ngala-ala agama Islam, dupèh ngidini wong wayuh. Cêkak aos katêrangane nyonyah mau mangkene:

Ora agama Islam thok bae sing anduwèni monopoli (andhèwèki) mungguhing wayuh. Ing jaman biyèn wong Yunani iya ora trima bojo siji. Wong tanahe dhewe sadurunge agama Islam lumêbu mrene, wong malah pating tlècèk bojone, malah jarene Rêjuna kuwi bojone ora mung pating tlècèk bae, malah rete-rete bangêt. Tumrape agama Islam, iya bênêr diidini wong wayuh, nanging aturane kuwi angèl bangêt, kaya ta: kudu bisa tindak sing saadil-adile, dadi anggone awèh pangan kudu sing adil, ambagi bandhane sing adil, ambagi katrêsnane iya kudu sing adil. Hara, apa iki ora angèl, malah kêna tak unèkake anggone ngidini wayuh mau, kayadene: diêculake êndhase digondhèli buntute.

Banjur ing kono anêrangake sabab dening apa, agama Islam ngidini wong wayuh kuwi, iki katêrangane panjang lebar, ora prêlu tak caritakake ana ing kene kabèh.

Kocapa, yakuwi, saakèh-akèhe wong wedok iku, mêksa ana bae sing watake kaya Makne Kamprèt. Wong nèk wis rêmbugan karo aku, Makne Kamprèt kuwi, wong gênah aku wis bênêr, mêksa ngèngkèng moh kalah. Malah nganti klakon anjaluk ditalak bae.

Mêngkono uga ing konggrès kono, kok iya ana sing duwe watak kaya Makne Kamprèt, anjaluk supaya sêsorahe Nyonyah Ratnasari mau dijabêl sama sêkali, sabab dhèwèke ora cocog 150%. Iya wis mêsthi bae yèn konggrès ora rujuk, awit ing kono mung anglairake pranataning Islam.

Id ladalah, gojlèg-gojlèg, bokmanawa mangkono mungguh batinane wanita mau, saka muring-muringe jalaran ora tinurutan ing karêpe, sanalika kono watake: pasismê (fascisme) banjur mêtu, yaiku sing mangkene kae: aku bênêr, kowe: tutup mulut, sabanjure pangrasane dhèwèke sing bênêr dhewe, konggrès wonge kaliru kabèh. Mulane barêng panjaluke ora dituruti, banjur kêlair unine: kowe kliru kabèh, aku sing bênêr, mulane aku moh campur karo kowe kabèh.

Eman, dene konggrès apik-apik, têka ana sing ngrêgêdi, cunthêl.

Petruk.

--- 953 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKI.

Angsal-angsalanipun K.N.I.L.M. ing wulan Juni 1935. Pinanggihipun lampah anggêgana saking Bêtawi dhatêng Bandung saya mindhak, amargi gayutan kalihan mangsa liburan utawi nuju wontên jaarbeurs, ngantos ngawontênakên lampah mirunggan, ing salêbêtipun 24 dintên ngawontênakên lampah mirunggan 8 rambahan. Tiyang numpak ingkang lampah têbih pinanggih suda. Cobèn-cobèn tumrap Surabaya Makasar, kirang. Ing salêbêtipun wulan Juni ambêkta tiyang 164, momotan post 1704 kg. Kajawi punika ugi nggêgana mirunggan 20 rambahan, pêrlu kangge anggambar.

[Grafik]

Lare-lare Yatim. Kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn kêpêngkêr, saha ugi sampun ngêwrat gambaripun adêging Rumah Yatim Piatu "Oemariah" ing Tasikmalaya, ingriki ngêwrat malih gambaripun lare-lare yatim wau jalêr èstri, kagambar wontên sangajênging sênthong patilêman. Gambar ingkang ngadêg sawingkingipun lare-lare èstri, Nyi Radèn Ruhaeni directrice griya lare-lare yatim wau.

Paboyongan ing Nieuw Guinea. Europeesche Kolonisatie Nieuw Guinea angsal golongan enggal saking N.S.B. cacah tiyang 20. Salajêngipun N.S.B. ing Ngayogya ngudi murih kathah ingkang sami mlêbêt. Dene salajêngipun ngudi sagêda ngawontênakên paboyongan piyambak.

Guru pados arta. Ing Cêpu wontên guru akêkudhung ngangge agami Buda, nama Kusumosuryopadmo, sagêd mêca ingkang sarwa anèh. Awit saking dayaning dhukun wau sagêd ngirup tiyang kathah. Tataning agaminipun manêmbah tumuju plêthèk sêraping srêngenge. Têtiyang ingkang sami mriku kêdah mangangge cara Jawi lugu. Kajawi punika ugi nindakakên padhukunan ingkang mawi sarat warni-warni.

Gêgayutan kalihan tindak salingkuh ing palabuhan Cirêbon. Kawartosakên, Tuwan H. directeur N.I. Kustvaart Mij. ing Cirêbon dipun cêpêng, amargi kadakwa adamêl katrangan palsu, gêgayutanipun babagan salingkuhan ing palabuhan Cirêbon. Adêgipun Kustvaart Mij. punika saking pawitan Jêpan.

Kêbêsmèn walirang ing Papandayan. Wontên pawartos, satunggiling dintên wontên golongan darmawisata dhatêng rêdi Papandayan. Ingriku tuwuh wontên kêbêsmèn walirang jalaran saking sêmbrananipun para darmawisata. Kêbêsmèn wêlirang ingkang kados makatên punika adamêl kasamaran manawi mrèmèn dhatêng wana ing sakanan-keringipun.

Mèh tiwas dipun idak-idak gajah. Tuwan Schnitger, ahli barang kina kanthi punggawa, ingkang nuju niti patilasan ing Muara Takus, Palembang, nalika nuju wontên têngah wana ing wanci dalu, wontên gajah gêgrombolan dhatêng panggenan ngriku. Sadaya rumaos botên sagêd ngoncati bêbaya. Botên dangu kamirêngan suwaraning gajah anggêgirisi, langkung wontên sanginggilipun. Dumadakan Tuwan Schnitger sakancanipun sagêd angsal pandhêlikan mandhap dhatêng èrèng-èrèng. Enjingipun sawêg sami minggah, sadaya sami katisên. Sarêng dumugi nginggil sumêrêp wontên gajah kalih sami kêrêngan ngantos damêl risaking candhi. Nanging kawusananipun gajah wau lajêng malêbêt dhatêng wana, jalaran mirêng suwaraning tiyang kathah.

Karampungan ing salingkuhan arta f 40.000. Ingajêng sampun kawartoskên ing bab salingkuhan arta f 40.000,-, ingkang dipun tindakakên dening pasakitan Ch. v. V. tilas Opzichter Vischveillingbedrijf Gemeente Bêtawi. Dakwa sampun karampungan dening Raad van Justitie, kaukum 4 taun, lajêng mlorot malih namung kantun 2 1/2 taun, kacêngklong tahanan. Pasakitan badhe tarosan dhatêng advocaat Mr. Van der Tas, inggih punika ingkang ambelani, dipun lampahi punapa botên.

Cultuurschool Malang. Lulus pandadaran wêkasan Landbouwkundige afdeeling: Abas Agus, Basah, R. Budoyo, Jubri, R. Moh. Kasah Hunggul, Kliwon, Nyoman Jingga, Purwito, Sadihin, Sahuleka, Sanusi, Slamêt, M. Suroyo, Wayan Dingin. Lulus babagan Boschbouwkundige afdeeling: M. Achmad, Junardi, Ênggung, Ujang, Ading Umaran, Oya Sanusi, Sudirman, Sudiyono, Sapei. Lulus babagan Technische afdeeling R. Dachlan, R.M. Sosrokartono.

Ulam forel. Ing sukabumi badhe kawontênakên cobèn-cobèn ngingah ulam forel, bangsaning ulam lèpèn. Ulam wau asli saking Australie, pambêktanipun mriki taksih tigan, sasampunipun nêtês, lajêng dipun culakên wontên ing lèpèn kabudidayan Cisaat, sacêlakipun tlaga Gunung. Ingkang gadhah sêdya kados makatên punika satunggiling sudagar ing Bêtawi. Nanging bab punika kakuwatosakên jalaran saking botên cocoging hawa. Malah kala ing taun 1933 sampun nate ing Puntên (Malang) ngawontênakên cobèn-cobèn kados makatên, pinanggihipun botên kadadosan.

Kawontênanipun rêdi Mêrapi. Dr. Stehn sampun wangsul anggènipun mêntas papriksa dhatêng rêdi Mêrapi. Pinanggihing papriksan, trowongan kangge ngili ing sacêlakipun pajagèn, pinanggih sae, kintên-kintên panggarapipun tumuntên rampung. Tlaga ing sanginggiling rêdi Sewa, dèrèng pinanggih cêtha kawontênanipun. Blêdhosan ingkang pinanggih ingriku botên damêl punapa-punapa. Ing sakanan-keringipun ngriku botên dipun ênggèni tiyang. Ing salajêngipun ing bab babagan punika taksih lajêng kapriksa.

Balai Kasehatan ing Malang. Comite badhe wontêning Balai Kasehatan ing Malang sampun ngadêg. Balai Kasehatan wau sanatorium kangge tiyang sakit t.b.c. Dumuginipun sapunika têrus dipun garap. Ingkang punika mudha pangarsaning comite, Tuwan Burham kanthi Tuwan St. Zaeni dipun utus anjajah tanah Jawi pêrlu pados urunan salilanipun.

--- 954 ---

Nonah Indo angsal padamêlan. Notaris Fransz, pangarsaning I.E.V. pang Surakarta mêntas rêrêmbagan kalihan salah satunggiling pangagêng toko Jêpan, ngrêmbag nawèkakên noni-noni Indo kangge punggawa toko Jêpan. Bab punika angsal damêl, toko Jêpan purun nampèni kanthi blanja f 20.- sawulan. Salajêngipun notaris Fransz têrus pados noni ingkang purun nyambut damêl kados makatên.

Ingkang angsal f 100.000.-. Ingkang angsal saprapating lot f 100.000.- ingkang nêmbe kamainakên, Tuwan Sutan Zainun, pangagêng Hotel Insulinde, Kampung Baru, tuwin Tuwan Rachman kêmasan ing Padang.

Golongan angguran ing Bêtawi. Ing salêbêtipun wulan Juni kêpêngkêr wontênipun têtiyang angguran ing Bêtawi ingkang dipun cathêt dening Arbeidsbemiddeling: bangsa Eropa jalêr 589, èstri 158, tiyang siti jalêr 1806, èstri 121, bangsa Tionghoa 136. Cacah samantên punika ingkang sampun angsal padamêlan: bangsa Eropa jalêr 26, èstri 23, tiyang siti jalêr 28, èstri 10, bangsa Tionghoa 5.

Tiyang èstri sangsara. Tuwan Kartosuwiryo, ing Defensilijn van den Bosch, Bêtawi, mêntas kadhatêngan tiyang èstri ambopong lare jalêr alit. Tiyang wau nyariyosakên, anggèning dumugi ngriki punika madosi sadhèrèkipun manggèn ing Tangerang, dene aslinipun saking Têgalrêja, distrik Sleman, Ngayogya. Tiyang èstri wau lampahipun saking dhusunipun dharat kemawon. Lampahipun nalika dumugi Têgal sampun angsal kalih wulan, lajêng mêdal Cirêbon, Kadipatèn, Sumêdang, Bandung, Cianjur, wusana anjog Bogor. Botên kirang wana tuwin papan sêpên ingkang dipun ambah. Anggèning tiyang èstri wau kesah saking dhusunipun, amargi dipun tilar pêjah ingkang jalêr, griya lajêng kasade, pajêng f 10.50, kangge wragad kêpêjahan, namung gadhah tirahan f 1.50, kangge sangu mlampah punika.

Nampèni saradhadhu enggal. Kawartosakên, ing salêbêtipun wulan Augustus dumugi December 1935, parentah nampèni saradhadhu bangsa tiyang siti gunggung 785, kapetang bangsa Jawi tuwin Sunda 485, Mênado 180, Ambon 100 tuwin Timur 20. Cacah samantên wau kapapanakên ing golongan Infanterie: Jawi tuwin Sunda 390, Ambon 100, Timur 20. Cavalerie, Mênado 10. Artilerie, Jawi tuwin Sunda 60, Mênado 30. Griya sakit, Jawi tuwin Sunda 20. Genie Jawi tuwin Sunda 15.

Pragatan ing Bêtawi. Miturut palapuran, ing salêbêtipun wulan Juni taun punika wontêning kewan ingkang dipun pragat: lêmbu 1954, maesa 912, babi 3405 tuwin menda 3606. Rêrêgèning lêmbu antawising f 15.- dumugi f 30.-, maesa f 15.- f 30.-, menda limrah utawi gèmbèl f 2.-, f 5.-.

Pacêklik ing Banyumas. Gupêrnur Jawi Têngah mêntas tindak papriksa kawontênanipun pacêklik ing Banyumas kidul. Pinanggihing papriksan wontên tanêman pantun 70% ingkang botên kêmêdalan. Têtiyangipun ingriku wajib angsal pitulungan. Parentah sampun mundhut pantun 10.000 pikul, badhe kabage benjing wulan Sèptèmbêr. Ing bab sêdya ngawontênakên ilèn-ilèn toya ing Kroya pêrlu katindakakên. Gupêrnur Jawi Têngah badhe gadhah panuwun dhatêng Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana tuwin dhatêng Departement Verkeer lan Waterstaat bab punika. Kintên-kintên ing akiripun wulan Augustus padamêlan ing Kroya sampun tumindak.

Anggêgana dhatêng Makasar dipun sumênèkakên. Ing bab rancangan anggêgana dhatêng Makasar kawiwitan benjing tanggal 1 Augustus, kasumênèkakên, amargi botên nyêkapi wontênipun ingkang numpak tuwin momotanipun. Kosok-wangsulipun kawontênakên anggêgana dhatêng Bali saminggu kaping kalih kangge para darmawisata, nanging dintênipun dèrèng katêtêpakên.

Nyuwun subsidie botên kaparêng. Stichting Rumah Piatu Arrabitah Al Alawiyah "Darul Aitim" ing Tanah Abang Bêtawi, gadhah atur dhatêng Gemeente supados dipun paringi subsidie, amargi angsal-angsalaning arta darma saya suda. Kala taun 1931 angsal f 2.478.82, ing taun 1933 tuwin 1934 angsal f 288.50 lan f 115,78, dumugining Mèi taun punika namung angsal f 190.-. Nanging panyuwun wau botên kaparêngakên, amargi sanès lêrêsipun.

Liyêran pamulangan Gupêrmèn. Wontên wartos, manawi Gemeente Bêtawi kêdugi, wiwit benjing tanggal 1 Augustus ngajêng punika wulanganipun badhe kapasrahakên dhatêng Gemeente. Saking pasrah-pasrahan wontên tanggal 1 Januari 1936. Benjing salabêtipunsalêbêtipun. wulan Sèptèmbêr badhe parêpatan, ngrampungi bab wau.

Sêrêgan gêgayutan kalihan congres wanita. Wontên pawartos, sêsêpuhipun congres wanita ingkang nêmbe kawontênakên ing Bêtawi, dipun sêrêg dening ingkang wajib, amargi nalika wontên parêpatan wontên lare-lare ingkang dèrèng umur tumut wontên ingriku, ingkang dèrèng kakengingakên mirêngakên rêmbag babagan pulitik. Salajêngipun wontên lare-lare ingkang sampun kapriksa, wontên ingkang lare murid Taman Siswa.

Tatanan pasamuwan agêng ing Mangkunagaran. Sampeyan dalêm K.G.P.A.A. Mangkunagoro ing Surakarta mêntas kagungan damêl supitan, mawi tamu Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana tuwin sanès-sanèsipun. Mênggah urut-urutaning palênggahan: ingkang lênggah ing têngah Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana. Kanan dalêm: Nyonyah Gupêrnur, Dr. Husein Jayadiningrat, warga Raad Kawula, sampeyan dalêm K.G.P.A.A. Mangkunagoro. Kering dalêm: Tuwan Gupêrnur, Gusti Kangjêng Ratu Mas, Gusti Kangjêng Ratu Pambayun, Gusti Kangjêng Ratu Timur, Radèn Ayu Husein Jayadiningrat. Ingkang ngagêm pangunjukan cangkir mas: Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana, Gusti Kangjêng Ratu Mas, Dr. Husein Jayadiningrat sakalihan, tuwan tuwin Nyonyah Gupêrnur, tuwin Gusti Kangjêng Ratu Pambayun. Sanès-sanèsipun sami cangkir salaka.

Tlaga alit dados agêng. Awit saking palapuranipun pangagêng nagari ing Liwa, Sumatra, mratelakakên, tlaga ing rêdi Suwoh, ingkang rumiyin alit, sapunika dados agêng. Tuwuhing tlaga wau wontên sacêlaking kawah-kawah walirang, sasampunipun wontên bêbaya ing Kru ing taun 1933. Indhaking agêngipun tlaga wau dados pamanahan, salajêngipun kalaporakên dhatêng pakaryan babagan rêdi latu.

EROPA.

Ambtenaar ing Prancis ebah. Ing alun-alun Place de l'Opera wontên golongan ambtenaar 2000 sami arak-arakan, minangka tindak panduwa ing bab sudaning balanja. Pulisi tansah saliwêran nyêgah supados sampun damêl rêrêsah. Botên dangu wontên pulisi kapalan tuwin dharat ambiyantu nyirêp, kalampahan sagêd sirêp. Wontên tiyang 5000 katahan.

Kuminis kaukum pêjah. Satunggiling tiyang kuminis nama Rudolf Cauk asli saking Brunswijk Jerman, dipun rampungi dening pangadilan ing Berlijn, kaukum kisas, jalaran mitulungi tiyang kuminis ingkang mlajêng saking Jerman tuwin ngayomi kulawarganipun.

--- 955 ---

Wêwaosan

Wangsulipun Tarsan.

Piridan saking buku karanganipun Tuwan Edgar Rice Burroughs.

34

Mênggah gagasanipun Tuwan Kleton anggèning Tarsan botên manah dhatêng suraosing tilgram punika, botên kenging botên têmtu jalaran saking trêsnanipun dhatêng Nonah Jinê Portêr, sabab sanès-sanèsipun ing sêmu botên wontên. Ing ngriku nelakakên, bilih Tarsan sêngaja niyat botên badhe angêkahi hak wêwênangipun, supados Kleton sagêda têtêp dados lod, ingkang wosipun supados anjalari Nonah Jinê Portêr sagêda lêstantun sênêng gêsangipun. Saupami mila makatên mênggah ingkang dados sêdyanipun Tarsan, rumaosipun Tuwan Kleton, dados botên pantês manawi lajêng badhe ngalang-alangana. Manawi patrapipun Tarsan ingkang makatên wau, nêdya badhe anjagi kawilujênganipun Nonah Jinê Portêr, dados badhe awon sangêt, bilih Tuwan Kleton amangsulakên hak wêwênangipun dhatêng Tarsan, awit punika atêgês: adamêl kasusahanipun Nonah Jinê Portêr.

Awit saking gagasanipun Tuwan Kleton ingkang makatên wau, satêmah niyatipun ingkang utami, inggih punika anggènipun nêdya nyariyosakên suraosing tilgram dhatêng kônca-kancanipun, saha anggènipun badhe amangsulakên titêl tuwin bôndha-bandhanipun dhatêng Tarsan, lajêng sande sadaya. Nanging sadangunipun wontên ing margi ngantos pintên-pintên dintên, Tuwan Kleton katingal tansah pêtêng ulatipun. Sabab sakêdhap-sakêdhap tuwuh pikiranipun, sagêd ugi Tarsan lajêng gêtun dhatêng anggènipun angrilakakên hak wêwênangipun.

Sarêng lampahipun wau sampun dumugi ing Baltimor malih, sanalika ngriku Tuwan Kleton lajêng naros dhatêng Nonah Jinê punapa botên sagêd lajêng tumuntên ijab.

Nonah Jinê lajêng pitakèn: Krêsa panjênêngan mawi têmbung: tumuntên punika punapanipun.

Tuwan Kleton: Inggih ijab kula kalihan nonah, ing salêbêtipun saminggu punika sagêda sampun kalêksanan. Awit kula kêdah enggal-enggal wangsul dhatêng Inggris, lan pikajêng kula, supados panjênêngan tumut kula asêsarêngan.

Nonah Jinê: Manawi enggal-enggal kados pamundhut panjênêngan punika, kula kapêksa dèrèng sagêd minangkani. Awit anggèn kula tata-tata enggal-enggalipun apês sawulan.

Ing batos Nonah Jinê sênêng manahipun, sabab manawi Tuwan Kleton wangsul dhatêng Inggris, punika atêgês sagêd angundurakên anggènipun ijab. Mênggah sajatosipun nonah Jinê punika gêtun, dene anyagahi purun dados semahipun Tuwan Kleton, nanging ing sarèhning sampun sagah, niyatipun ugi badhe dipun lampahi punapa mêsthinipun, amung kemawon, manawi wontên dhadhakanipun, badhe ijabipun wau badhe tansah dipun undurakên.

Wusana wangsulanipun Tuwan Kleton adamêl pakèwêding manahipun Nonah Jinê. Wangsulanipun makatên: Inggih prayogi. Mênggahing kula pancènipun gêla sangêt. Nanging kadospundi malih, amila badhe pangkat kula dhatêng Inggris inggih badhe kula undurakên sawulan kemawon, dados ing têmbe kula sagêd bidhal sêsarêngan kalihan nonah.

Nanging kala samantên sarêng sampun cêlak kalihan wancinipun, Nonah Jinê Portêr lajêng adamêl sangsalan nêdha mundur ijabipun malih, ingkang andadosakên sêkêl saha sakiting manahipun Tuwan Kleton. Salajêngipun Tuwan Kleton lajêng kapêksa pangkat dhatêng Inggris namung piyambakan kemawon.

Sasampunipun Nonah Jinê Portêr kalihan Tuwan Kleton wau pisahan, kalih-kalihipun tansah kintun-kintunan sêrat. Nanging sanadyan makatêna ewadene mêksa botên sagêd angenggalakên ingkang dados sêdyanipun Tuwan Kleton. Jalaran saking punika Tuwan Kleton lajêng kintun sêrat nêdha pitulungan dhatêng Tuwan Propesor Portêr, inggih bapakipun Nonah Jinê. Mênggahing tuwan propesor piyambak, sajatosipun sampun cocog sangêt anggadhahi mantu Tuwan Kleton. Awit kajawi tuwan propesor mila anggadhahi trêsna dhatêng Tuwan Kleton. Saliranipun punika inggih satunggiling bôngsa asal, amila sarujuk sangêt saupami anakipun èstri wau angsal têtimbangan tiyang jalêr bôngsa asal. Nanging tumrapipun Nonah Jinê, bab ingkang makatên punika botên andadosakên pamanahanipun.

Ing sêratipun Tuwan Kleton, suraos angasih-asih, kêpingin sangêt supados tuwan propesor sabrayat, dados inggih kalêbêt Tuwan Pilandêr tuwin tiyang èstri cêmêng nama Èsmêraldhah, krêsaa rawuh ing dalêmipun ing kitha Londhon. Mênggah saking pangangkahipun Tuwan Kleton, samôngsa-môngsa sampun sagêd sami rawuh ing dalêmipun, Nonah Jinê Portêr manawi aningali kawontênan tuwin gêbyaring padalêman ngriku, têmtu lajêng gampil manahipun, botên badhe rangu-rangu malih bab badhe dhaupipun kalihan sariranipun.

Ing wanci dalu nalikanipun tuwan propesor nampi sêratipun Tuwan Kleton, sanalika lajêng anyariyosakên, bilih minggu [ming...]

--- 956 ---

[...gu] ingkang badhe dhatêng sadaya badhe dipun ajak dhatêng Londhon.

Nanging sarêng ing wusana sadaya wau sampun sami wontên ing Londhon, Nonah Jinê inggih botên lajêng kapiluta ing kawontênan, pamanahipun taksih ajêg kemawon. Mila inggih wontên kemawon akalipun anggèning badhe ngundurakên ing bab badhe ijabipun wau.

Dumadakan wontên satunggiling bôngsa luhur hartawan nama Lod Tènington (Lord Tennington) ingkang anggadhahi baita kapal piyambak saha ingkang nêdha alêlayaran badhe ngubêngi tanah Aprikah, angulêmi dhatêng Tuwan Propesor Portêr saandhahanipun puruna sami tumut anggèning badhe lêlayaran wau. Sanalika punika Nonah Jinê Portêr bingahipun tanpa upami, saha lajêng anyagahi dhatêng pangajakipun wau. Nanging bab dhaupipun kalihan Tuwan Kleton mêksa nêdha dipun undurakên ngantos benjing sawangsulipun dhatêng Londhon malih. Sarèhning anggènipun badhe lêlayaran wau apês-apêsipun salêbêting sataun, jalaran badhe nyinau utawi nyumêrêpi ingkang anèh-anèh wontên ing laladan Aprikah ngriku, ing batos Tuwan Kleton amisuh-misuh dhatêng Lod Tènington, dene anggadhahi ada ingkang sagêd ngalang-alangi pikajênganipun punika.

Mênggah sêdyanipun Lod Tènington, anggèning lêlayaran punika lampahipun badhe anglangkungi Samodra Têngah, Samodra Abrit, Samodra Agêng, lajêng malipir turut pasisiripun tanah Aprikah ing sisih wetan, saha badhe mampir-mampir dhatêng palabuhan-palabuhan ingkang sakintên badhe amikantuki.

Sasampunipun kalampahan sami lêlayaran, ing satunggiling dintên, wontên ing têlukipun Gibraltar, wontên baita kapal kalih sami pêthukan lampahipun. Kapal ingkang sami pêthukan wau, ingkang satunggal kapara ragi alit nanging pèni, cètipun pêthak, lampahipun angênêr mangetan. Ing ngêdhèging kapal ngriku wontên satunggiling kênya ingkang katingal prihatos saha ingkang sawêg angiling-ilingi madhalyun ingkang tinarètès ing sêsotya. Ing wêkdal punika sang kênya pikiranipun anglangut kèmutan wontên ing têngah-têngahing wana gung liwang-liwung. Ing batos angunandika makatên: apa wong lanang, kang awèh tôndha katrêsnan marang aku kang arupa barang iki, lan kang tansah tak aji-aji bobote angluwihi rêganing barang iki, samêngko wis bali manèh mênyang alas.

Dene ing ngêdhèging kapal sanèsipun ingkang lampahipun saliringan wau saha ingkang lampahipun ngênêr mangilèn, katingal wontên tiyang jalêr neneman sawêg linggihan kalihan satunggiling kênya, saha rêrêmbagan atakèn-tinakèn ing bab kapal sae ingkang pêthukan punika.

Sarêng baita kapal ingkang alit nanging pèni wau sampun kapêngkêr lampahipun, tiyang jalêr neneman wau anglajêngakên rêmbagipun, wicantênipun makatên: Mila nyata, kula punika pancèn rêmên dhatêng Amerikah, punika sampun tamtu atêgês bilih kula rêmên dhatêng tiyangipun, awit inggih tanahipun wau ingkang ambêkta katrêsnan dhatêng têtiyangipun punika. Salêbêtipun kula wontên ing Amerikah, kêrêp sangêt amanggihi têtiyang ingkang sami andêmênakakên. Langkung malih kula taksih èngêt kemawon dhatêng satunggiling kulawarga ingkang adêdunung tunggil kitha kalihan panjênêngan, Nonah Sêtrong, inggih punika Tuwan Propesor Portêr lan putranipun èstri.

Kagèt kanthi sêmu bingah sang kênya apitakèn: Punapa ingkang panjênêngan ngandikakakên punika Nonah Jinê Portêr. Punapa yêktos panjênêngan têpang kalihan Jinê Portêr. Piyambakipun punika mitra darma kula. Kula têpang kalihan piyambakipun punika wiwit sami alitipun. Kanthi mèsêm Tarsan amangsuli: Punapa inggih yêktos makatên.

Sang kênya: Yêktos Tuwan, pitêpangan kula kalihan piyambakipun punika sampun kados sadhèrèk piyambak tunggil yayah rena. Amila sarêng samangke kula badhe kecalan piyambakipun punika, raosing manah kula anggrantês sangêt.

Tarsan apitakèn: Kecalan kadospundi. Punapa mênggah krêsa panjênêngan. O inggih, ngrêtos sapunika kula. Ing sarèhning nonah wau samangke sampun palakrama, saha badhe dêdunung wontên ing Inggris, panjênêngan lajêng awis-awis sagêdipun pinanggih.

Sang kênya amangsuli: Inggih mila makatên. Nanging ingkang nyêdhihakên malih, dene piyambakipun palakrama kalihan priya ingkang sajatosipun botên anocogi dhatêng manahipun. O, sayêktos mêmêlas sangêt, awit pikramanipun punika namung dhapur saking anggènipun nêtêpi wajib. Mênggahing pamanggih kula, ingkang makatên punika botên prayogi sangêt, sarta kula inggih sampun cariyos dhatêng piyambakipun. Amila kula niyat botên badhe dhatêng anênggani badhe ijabipun wau, awit kula botên têgêl. Nanging Nonah Jinê punika pancèn adrowolo, rêmên anggêga kajêngipun piyambak. Piyambakipun kêncêng sêdyanipun, saking anggèning nyêpêngi kaurmatanipun, badhe semah kalihan Kleton, kajawi manawi botên wontên aral salah satunggalipun wontên ingkang tilar donya.

Tarsan awicantên, ah, inggih mêmêlas sangêt punika. Badhe kasambêtan.

--- [0] ---

KATRÊSNAN DONYA AKERAT

Cariyosipun Sam Pèk lan Èng Tai. Lêlampahan kina ing Tiongkok. Nêngsêmakên. Minangka icip-icip ing ngandhap punika pêthikanipun. Inggih punika nalika Sam Pèk sakit, lajêng andongèngi biyungipun.

Rungokna ya, biyung, takdongèngi lêlakonku.
Nalikane aku pangkat sinau marang kutha Hangcu, aku bêbarêngan karo bocah aran Ni Èng Tai, anake sudagar sugih ing kutha Wacu. Êmbuh jalarane, dene wiwit kêtêmu sapisan iku banjur kumrakêt bangêt marang aku, malah nganti ngaku sadulur tuwa barang. Ana ing pondhokan turune nunggal sakamar karo aku, mangka kanthile mung siji, dadi yèn turu sisih-sisihan. Ah, hêm ... Sam Pèk ngunjal napas, saka kèlingan lêlakone dhèk samana rumangsa kapusan. Wusana calathu manèh: "O, biyung, genea aku bodho bangêt, ora ngira babarpisan, jêbul bocah iku: wadon, anggone nylamur cara lanang saka kêncênging tekade arêp golèk kapintêran. Èng Tai gawe pranatan, paturon diwatêsi têngah bênêr nganggo guling, sing sapa nglancak saka watês: didhêndha, kudu bayar daluwang karo pèn. Aku ora ngira bangêt, biyung, dene anggone nganani pranatan mau, mung supaya aja kêwiyak wêwadine. Saka wêdiku nêrak pranatan, anggonku turu takati-ati bangêt, marga aku ora bisa bayar dhêndhan, nanging Èng Tai ora mangkono, polahe ora karu-karuan, dadi kêrêp nglanjak watês, sarta sabên takelingake, iya banjur bayar dhêndhan kaya prajanjiane. Marga saka kêrêpe nêrak pranatan, nganti anggonku sinau sajroning sataun ora tau tuku daluwang karo pèn".

Kajaba iku, rèhne dhèwèke iku bocah wadon, dadi pakewuh bangêt nguyuh ngadêg, mulane banjur gawe dora sêmbada, temboking kamar pakiwan disirati banyu rêgêd, rupane nuli pating clonèh, iku diaturake marang kyai guru, diawadake yèn sing gawe rêgêd iku para murid, marga yèn nguyuh padha ngadêg bae. Wiwit dhèk samana murid-murid dilarangi nguyuh ngadêg, kudu ndhodhok lan ndhêlik.

Nalikane pinuju sidhêkah kubur, para murid olèh liburan têlung dina, aku digèrèd-gèrèd diajak dolan, sanajan taksulayani, nanging sêdyane kêncêng, kêlakon padha dolan bocah loro. Sajrone padha mlaku-mlaku, Èng Tai tansah gawe pasêmon lan pralambang, kang surasane aku ngrêtia, yèn dhèwèke iku satêmêne wadon. Nanging, o ... biyung, baya wus takdiring awakku, dene aku ora nyandhak marang karêpe sathithik-thithika. Ing kono ana mliwis sajodho lanang-wadon kang nuju pêpasihan, Èng Tai kêpranan bangêt atine lan kêlair, supaya ing têmbe dhèwèke lan aku bisaa mangkono, nanging malah taksêndhu, rèhning lanang padha lanang mêsthi ora kêlakon. Mliwis sajodho kang sih-sinihan mau takpathak; barêng mabur, Èng Tai atine kêcuwan bangêt. Ah ... kapriye, dene nalika iku aku ora ngrêti babarpisan.".

Lakuku bocah loro têkan ing klênthèng, ing kono ana rêcane Boen Koen-Syang Dji, Èng Tai takon babad-babade. Sarampunge anggonku carita, Èng Tai iya kêlair têmbunge manèh, kang surasane supaya ing têmbe aku dadi jodhone, nanging ora takrèwès, marga sathithik bae ora ngrêti, yèn dhèwèke iku sajatine wadon. Aku diumpah-umpah lan dierang-erang, marga saka ora nyandhak marang karêpe. Sumurupku yèn wadon, barêng mbukak klambine, ing dhadhane katon ana tandhane wadon. Wiwit iku aku lagi ngrêti. O, biyung, kapriye dene lêlakonku mêngkene.

Embokne ora mangsuli, mung êluhe daleweran, saka ngrasakake susahing anake. Dene Soe Kjoe, bature, nalika iku mèlu nunggu, iya mbrêbês mili karo sangga uwang.

Sam Pèk nutugake caritane: "Wusanane durung nganti suwe anggonku gunêman, kêtungka têkane bature loro, yaiku An Tong karo Djin Sim, ngajak mulih Èng Tai, saka pakone wong tuwane. O, biyung, wiwit dina iku aku banjur tansah nandhang prihatin, mangka kêpêksa pisah karo Èng Tai. Nalikane arêp pangkat mulih, Èng Tai mêling: sajrone sapuluh dina aku supaya têka ing omahe, katêmu karo wong tuwane prêlu nglamar. Anggone awèh ancêr-ancêr mau nganggo têmbang gêguritan, kang lagune bisa andudut ati, nanging luput panyurasaku, nganti têlung puluh dina aku lagi têka ing kutha Wacu, tanpa gawe, marga Èng Tai wis ... dilamar wong liya".

Êmbokne mèlu nangis. Sam Pèk dilus-êlus karo dikandhani: "O, anakku, ayake wis pêsthine yèn bocah wadon iku dudu jodhomu ... sing nrima".

O, biyung, aku wis ora duwe pangarêp-arêp manèh, rumasa ora sênêng sumurup soroting srêngenge.

Aja sumêlang yèn ora olèh ganti kang ngungkuli Èng Tai, aja cilik atimu, aku kang bakal golèk gêgêntine.

O, biyung, sanajan olèh wanodya kang ngluwihi Èng Tai, kaya-kaya ora bakal gawe pamarêming atiku. Wis, biyung, aku tegakna.

Sintên kemawon têmtu kêpranan maos cariyos punika.

Rêgi f 0.40

Wêdalan BALE PUSTAKA Batavia - Centrum.

--- [0] ---

RASA - SASMITA

Waosan lare ingkang sae. Basa lan ukaranipun punapadene suraosipun ngêplêki dhatêng donyaning lare. Lucu tur ngêmu piwulang ingkang mikantuki dhatêng para lare. Minangka icip-icip, ing ngandhap punika pêthikanipun:

Bocah-bocah padha arêp adus mênyang kali, Paing ora mèlu. Rasa calathu: "Ayo Ing, adus".

Wêgah, adhêm.

Pantês nèk wêdi adhêm.

Yah, adus prêlune apa. Kucing kae ora adus, kok iya lêmu.

Bocah-bocah padha mangkat, Si Paing nututi, nanging barêng ditolih kancane banjur andhêlik. Bocah-bocah kira-kira ora wêruh, yèn ditut Si Paing, mulane mbanjur wae. Barêng têkan kali padha adus. Rasa lan Sasmita iku ora kaya kancane, kancane padha bungah-bungah, jlog-jlogan utawa langèn, bocah loro mau kok ayêm bae. Sanyatane lagi ngrêsiki awake. Pancèn piwulange gurune iya ngono, nèk adus awake kudu dirêsiki sing rêsik, bèn ilang rêgêde. Bocah-bocah liyake kok ora ngono, yèn adus anggêr wis nyêmplung wae wis, mulane awake isih rêgêd.

Bocah-bocah padha pating clêlêng kaya ana sing digolèki. Mistam calathu: "Endi ya, klambiku?"

Rasa: "Mau ana kono".

Ora ana.

Masa.

Iya kok. Lah klambimu barang ya ora ana".

Sasmita takon: "Klambiku, Tam?"

Klambimu ya ora ana ... He, kabèh ora ana.

Kabèh padha mêntas, wêruh nèk klambine ora ana.

Sasmita calathu: "Mau rak ora ana wong liwat, ta?"

Rasa mangsuli: "Ora ana".

Mistam nyambungi: "Lah sapa ta, sing njupuk? Apa dijupuk setan?"

Sasmita mangsuli: "Ah, anèh. Ana setan kathik anggondhol klambi kuwi kanggo apa. Apa diênggo ambrongsong katès".

Rasa calathu: "Lah piye, ki, wong sêlak adhêm jare, klambi ora ana. Sapa ta sing njupuk, ki?"

Mêsakake têmên bocah-bocah kuwi, padha bingung nggolèki nyang grumbul-grumbulan. Kabèh dha susah. Gimin nangis.

Tampa calathu: "Ya bèn, cah, klambiku ilang, wong wis ala wae kok".

Gimin mangsuli: "Hi hi hi ... wong ndhèkku ijik anyar. Êngko aku disrêngêni simbok".

Tampa: "Wis ayo, wis, mulih wae, sêlak adhêm, kok".

Tampa nekat mlayu, kancane ya padha mlayu gumridig. Bocah-bocah kuwi barêng têkan ngomah padha kagèt, klambine jêbul ana ing gandhoke dhewe-dhewe.

Padha bungah jalaran klambine ora ilang. Nanging ora ngrêti, sapa sing nggawa klambine kuwi.

Pancèn anèh. Klambi ana ing kali, jêbul têkan ing omah. Mula wis bênêr bae bocah-bocah kuwi padha gumun. Sing anggawa dudu mêmêdi, dudu setan, sing anggawa ... Si Paing. Bocahe dhêlog-dhêlog kambi mangan pohung. Paing iya wêruh bocah mlayu pating grubyug, nanging ora diaruh-aruhi, sajake ayêm wae, batine ya kudu ngguyu, nanging diampêt.

Sêrat "RASA -SASMITA" rêginipun mandhap.

Rumiyin f 0.30

Sapunika f 0.15

Wêdalan BALE PUSTAKA Batavia-C