Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-08, #1805

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1935, #1805
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-01, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1483.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-02, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1484.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-03, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1485.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-04, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1486.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-05, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1487.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-06, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1488.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-07, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1489.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-08, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1490.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-09, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1491.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-10, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1492.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-11, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1493.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-12, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1494.

Ôngka 62, Rê Pn, 7 Jumadilawal Jimakir 1866, 7 Agustus 1935, Taun X

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[...]Judul tidak terbaca.

Gambuh

ya ta kang lênguk-lênguk / Panji Sêpuh ing rikalanipun / ingkang rayi ginarumung ing ajurit / wus kasuwèn [...]Naskah rusak. liwung / pijêr ningali anjomblong //

Ki Bancak asru muwus / kadi punapa botên têtulung / rayinira Panji ne[...]Naskah rusak. mpun kajodhi / wikan pêjah gêsangipun / têka pijêr dhêlog-dhêlog //

nuruti ati bingung / dalurung pêngung tan wruh ing rêmbug / hèh ta Dhoyok gustimu jawilên nuli / dimèn eling Dhoyok gupuh / anjawil mênêng kemawon //

Ki Bancak amêcucu / gèdhèg-gèdhèg kapriye akalku / têka jêbul mêngkene dadine iki / hèh Dhoyok paran rêmbugmu / yèn kowe manut maring ngong //

lah jajal payo nutut / pasrah tangan padha tinalikung / kayaparan mêngko yèn kari pribadi / toge galihe gustimu / apa ijih dhêlog-dhêlog //

Ki Dhoyok gya sumaur / kang mêngkono ingong ora rêmbug / bêcik ngamuk têtêp rumêksa mring gusti / nganggo jajal jèjèl brêngkuk / angungkruk pijêr malompong //

malah-malah karêpku / payo mêtokke kadibyan punjul / kira-kira wong loro bisa nguwisi / mungsuh marang patang ratu / mung amrih bêngganga adoh //

Ki Bancak mojar sêndhu / kang mangkono iku nora ungsum / bêcik nutut dadi ora amaoni / karêpe si dhalang pêngung / bêbingung gawe lêlakon //

ya ta kang lagya udur / wadya Makasar katon barubul / ingkang arsa amusara mring Sang Panji / Ki Dhoyok anyandhak gupuh / mring Bancak ginèndèng playon //

mrêpêki gèning mungsuh / Ki Bancak katut angadhuh-adhuh / wusnya têbih lan prênahe Sang Apanji / Ki Bancak barêng anguwuh / payo kêmbul lanana ingong //

Ki Bancak sigra nyêndhu / hèh kêmaki bêcik ayo nutut / Dhoyok bêkuh wong Mêkasar sêlak prapti / angrubung samya dêdulu / tingkahe kang rêmbug iyon //

pijêr pating barêkuh / wong Mêkasar siji ana muwus / lah wong apa dene rupane wong cilik / pêpatute iku batur / gene rêmbuge mêngkono //

kang siji ngajak ngamuk / wani mungsuh lawan patang ratu / iku siji ngajak nutut dèn talèni / kancane Mêkasar muwus / payo jajalên dèn gupoh //

cêkêlên tinalikung / wong Makasar sarêng gumarubyug / Bancak Dhoyok tangane wus dèn cêkêli / Bancak Dhoyok beca-bècu / ngipatke kang angaroyok //

kontal pating talêbuk / kang sinondhol binijig makungkung / yèn sinikêp kirig-kirig anyikuti / singa parêk kajêrungup / kang dinugang kontal adoh //

rêngkêng-rêngkêng angadhuh / wong Makasar ebat dènnya dulu / gumarudug namakkên gêgaman jurit / rinampog talêmpak duduk / biring pêdhang miwah towok //

jêjêl ing ngarsa pungkur / Bancak Dhoyok kadi wêsi wutuh / sakèh braja tan ana ingkang nêdhasi / gada bindi goplak-gapluk / kang pinênthung megal-megol //

pijêr dènira udur / tan angrèwès udrêg rêbut dhucung / Bancak angling wong Makasar padha baring / wong tutur lagi dèn rêmbug / pijêr kasusu angroyok //

Ki Dhoyok asru muwus / Si Bancak iku sida kêpaung / lagi tumon dhêmêne dèn uli-uli / coba yèn gêlêma ngamuk / pêsthi pêpatine ewon //

Ki Bancak gya sumaur / puluh-puluh lagi suthik ngamuk / Dhoyok angling kamiwêlèh ingsun iki / lah ya uwis ingsun turut / sigra tangane wong loro //

mulung sami angacung / wong Makasar talènana ingsun / wong Makasar saya ebat kèh muriring / sigra pinusara gupuh / jalma ro nurut kemawon //

tinuntun sumarunthul / laju katur mring kang para ratu / lan ngaturkên tingkahe jalma kêkalih / para nata sami ngungun / dene warnane mêngkono //

luwih kasêktènipun / sigra kinèn angunjara gupuh / winor Panji Nom rinêksèng para mantri / sigra ingkang para ratu / ngatag punggawa nom-anom //

Ing nginggil punika pêthikan saking Sêrat Panji Raras. Ing ngajêng yasan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 4 ing nagari Surakarta. Sadaya wontên 2 jilid.

Sajilid rêgi ... f 0.50.

Wêdalan Bale Pustaka, Batawi Sèntrêm.

[Iklan]

--- [973] ---

Ôngka 62, Rê Pn, 7 Jumadilawal Jimakir 1866, 7 Agustus 1935, Taun X

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor Palis tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Balapan Kapal - Santun-sumantuning Dhawuh - Pakêmpalan P.P.B - Kawontênan ing Ngabêsi tuwin Itali - Gancaran Wiwitipun Wontên Karamean Sêkatèn - Bab Kokurês Macak Tumrap Wanita - Kabar Warni-warni - Wêwaosan.

Balapan Kapal

[Grafik]

Untabipun têtiyang nuju ningali balapan kapal ing Ascot.

--- 974 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Gancaran Wiwitipun Wontên Karamean Sêkatèn (Sahadatèn).

Sambêtipun Kajawèn nomêr 61.

Saking gêlar makatên wau, kala samantên inggih lajêng wontên pintên-pintên para kawula ingkang sami kapranan ngrasuk agami Islam. Kosok-wangsulipun para ingkang dèrèng kabuka wêwênganipun dhatêng kaislaman inggih botên kirang-kirang nyeda tuwin panacadipun. Kawontênan makatên punika, sanadyan sampun tumindak maatus-atus taun sapriki, ewadene mêksa taksih asring kemawon katingal titikipun kados nalika gêlaran sakawit. Sabên wontên karamean sahadatèn, mêksa taksih wontên kemawon têtiyang ingkang mrêlokakên sêsaji sêsêkar tuwin kêkutug ing sacêlaking gôngsa agêng. Malah ingkang kathah-kathah sami mastani, bilih ingkang nama sêkatèn (sêkati) punika inggih gôngsa pelog kalih rancak ingkang tinabuh sabên karamean sakatèn punika. Prêlu-prêlu ingkang baku, saya dangu saya kêsilêp. Dumugi sapriki, sêkatèn lajêng dados karamean tatapraja. Makatên ugi garêbêg ing wulan Bêsar saha Sawal.

Têmpuking damêl karamean dintên agêng têtiga kasêbut nginggil (Maulud Ijul Fitri saha Ijul Adkha), ugi sinêbut karamean: garêbêg, punika kabêkta saking kalanturing têmbung tanduk ingkang jalaran miyosipun Ingkang Sinuhun ing dintên wau, ginarêbêg ing para biyada manggung kêtanggung, jaka palara-lara sami ngampil upacara kaprabon dalêm.

Dumugi sapunika, sanadyan kithaning karajan paprentahan nuswa Jawi sampun gumingsir saking Dêmak dhatêng Pajang, Mataram, Kartasura, Surakarta saha Ngayogyakarta, para panjênêngan dalêm nata Jawi ugi taksih sami nalurèkakên karamean sahadatèn dados karamean praja ingkang baku. Ingkang makatên punika, dados cihna ingkang kiyat bilih bakuning paprentahan taksih têtêp adhêdhasar agami Islam. Namung wujuding karamean wau dumugi wêkdal punika, lajêng têtêp sawarni karameaning praja ingkang baku. Prêlu-prêlu ingkang atêgês kangge mamardi tuwin miluta para kawula murih sêngsêmipun dhatêng agami Islam kados sakawitipun, malah lajêng kasilêp botên wontên tabêtipun. Kosok-wangsulipun, kabêkta saking wontên karamean ingkang anjalari kathahing têtiyang sami andhatêngi wau, ing ngriku lajêng dados ajanging pintên-pintên têtingalan ingkang cêngkah akalayan saraking agami Islam. Dene ingkang dhawah madya, kabêkta saking kamajênganing jaman, ing karamean ngriku ugi katingal dados pêkêning padagangan punapadene ugi dados ajanging para ngatingalakên wohing kagunan tuwin kabudayan mawarni-warni.

Kalanturing sidhêkah tuwin karamean ingkang tiniru para kawula ing pakampungan saha padhusunan ugi saya mlèsèd saking bakuning prêlu, bab punika kula cêkapakên samantên kemawon.

S. Hars.

--- 975 ---

Panggulawênthah

Pakêmpalan P.P.B (Pêndhidhikan Pêndhudhuk Blambangan)

Ing Kadhistrikan Gênthèng, Banyuwangi.

Mênggahing kula, luhur-luhuring kawruh tumraping jaman parameyan ingkang sabên dintên tansah sêsrawungan kalayan sêsamining ngagêsang, punika kawruh têpasalira. Yènta kagalih yêktos pambêgan têpasalira punika, adhakan tumandukipun dhatêng sasami, sarwa: asih, ngeman, rumêksa, minggahipun dhatêng: mranata. Jêr babagan mranata punika, ingkang tansah dados gêgayuhaning ngakathah.

Manungsa utawi kewan punika ingkang limrah gêsangipun abêbrayan apêpanthan saha arêraton. Makatên ugi kêdah wontên satunggal kalih ingkang sinung pangawak mranata. Awit saupami botêna makatên, tartamtu ebra ing samudayanipun.

Tiyang ingkang ambêg mranata punika, sanepanipun sumbêr ingkang kinêpang ing têtuwuhan subur lan têrèging têtanêman gumantung dhatêng agêng lan aliting toya ingkang mili saking sumbêr wau.

Têtimbangan ingkang makatên punika, sairib kalihan tiyang ingkang ambêg mranata tumrap dhatêng jaman parameyan.

Kangge pangagêng pangrèh praja, ingkang pangawak sumbêr punika, pikantukipun tumrap ing kamajênganing rakyat migunani sangêt.

[Grafik]

Murid sêkolah H.I.S. ing Gênthèng.

Minôngka conto, ing ngriki kula andharakên kawontênan ingkang pinanggih ing kadhistrikan Gênthèng, Banyuwangi. Sanadyan Gênthèng punika nama dhistrik nanging kithanipun kalêbêt agêng, lan dados têlênging padagangan. Kitha Gênthèng punika kalêbêt kitha enggal lan têtiyang pribumi ingkang kathah sanès naluri saking ngriku, nanging paboyongan saking tanah Jawi Têngah, tanah Jawi Kilèn saha Madura, ingkang limrahipun padosipun cagaking panggêsangan lajêng sarana têtanèn. Mênggahing kawruh umum tumraping satunggal-satunggalipun rakyat saèstu tangèh babagipun kabêkta saking sangêt bedanipun. Wontên ingkang pancèn golongan tani yutus ingkang pinangkanipun saking nagari pundi-pundi, wontên ingkang bangsaning darah saking tanah Kasultanan utawi Kasunanan. Wontên ingkang tilasing priyantun saha wontên golongan ingkang saking tanah Pasundhan utawi Madura tus, dèrèng golongan ingkang dumadosipun saking cêcampuran. Pramila gampil angèl ngasta pusaraning praja wontên ing tlatah Gênthèng. Nama sagêd ngrangkani kudhi yêktos bilih sagêd mangrèh praja kanthi tata têntrêm kadosdene [ka...]

--- 976 ---

[...dosdene] panjênênganipun ingkang wadana Angabèi Muhamad Amin Sumadirja, dene kajawi sinuyudan para tiyang ing Gênthèng, ugi tansah jumênêng pangawak sumbêr.

Liripun makatên, saking rekadayaning panjênênganipun miwah kaêmbanan dhêdhungkèning kitha Gênthèng, ingkang asma Radèn Arjanadi, ing ngriku sagêd madêg satunggiling pakêmpalan ingkang kacirèn: P.P.B. (Pêndhidhikan Pêndhudhuk Blambangan), wondene bakuning pikajêngan namung mligi mrihatosakên gêsanging rakyat ing tlatah Gênthèng. Sarananipun mêdal saking: pangajaran, têtanèn, saha patukangan. Malah miturut salênthingipun ugi badhe enggal angadani Rijstpellerij pribumi, tuwin Bank Bumi-Putra Blambangan, ingkang kajêngipun kajawi anjunjung pêrekonomianipun rakyat, ingkang kathah ugi nyirnakakên dayaning lintah dharat lan wukêr (Mugi-mugi yêktos).

[Grafik]

Têtingalan reyog ing Gênthèng.

Sadaya wau èstunipun sagêdipun tumindak sarana pamarsudinipun priyantun kêkalih wau. Ingkang wadana ngasta pangarsa, saha Radèn Arjanadi ngasta mudhapangarsa. Wondene bêstir sanès-sanèsipun kadhapuk saking para priyantun ing Gênthèng (ugi dhoktêr lan lanbokonsilèn) tuwin bôngsa partikêlir sawatawis.

Ambakna priyantun pangrèh praja, ingkang wadana wau sangêt pangungsêdipun ing bab ondêrwis. Kanthi tlatos panggugahipun bab wau dhatêng sadhengah ingkang kenging dipun jak ngandikan. Ing dalêm 2 taun P.P.B. sampun gadhah H.I.S. 3 iji, ing Gênthèng, ing Kalibaru, tuwin ing Glemor. sadaya adhêdhasar netral ondêrwis.

Malah H.I.S. ipun ing Gênthèng, ingkang nêmbe kemawon dipun sêpèksi dening Inspecteur Westersch Lager onderwijs sampun pikantuk erkenning kawênangakên ngangge nama H.I.S.

H.I.S. wau ugi sampun pikantuk subsidhi saking rêgènsêkap. Lan ing môngsa punika ingkang wadana taksih manggalih adêgipun sêkolahan ôngka 2, ingkang badhe kaêdêgakên ing padunungan sacêlakipun Gênthèng (dening P.P.B.). Miturut andharan ing nginggil katingal bilih priyantun pangrèh praja ingkang pangawak sumbêr sagêd mêmayu hayuning rakyat. Mugi dadosa tuntunan.

Pun Panjurung.

Pawartos saking Redhaksi.

Langganan nomêr 3383.

Prakawis panjênêngan punika prayogi kasuwunakên sumêrêp dhatêng priyantun jaksa kemawon.

Langganan nomêr 1899 lan 1738.

Prayogi kacobi kemawon kaparêng utawi botênipun nyuwun pènsiun, manawi kaparêng, miturut pranatan kathahing pènsiun sami kalihan 1.44%-ning blônja katangkarakên cacahing taun.

--- 977 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Ngabêsi tuwin Itali

Ing sapunika saya katingal mrêpêg, tuwin sintêna kemawon ingkang sumêrêp dhatêng ubêt-ubêtipun nagari Ngabêsi tuwin Itali, botên sagêd mastani ing bab sagêdipun rukun, amargi sêsulakipun katingal anggènipun saya lumuh ngawon salah satunggal. Nanging inggih sintên ingatasing nagari ingkang sami mêngku panguwaos, purun ngawon, awit ngawon punika dados satunggaling titik karingkihan.

Ing ngajêng sampun nate wontên pawartos ing bab sabdanipun Nata Ngabêsi ingkang raosipun angèngingi manahipun bôngsa Itali. Ingkang makatên punika lajêng wontên titik bilih golongan, Itali sêrik ing manah, inggih punika kala Nata Ngabêsi nuju ngawontênakên kêmbul bujana pahargyan wiyosan taunan, ugi angulêmi dhatêng utusan Itali, nanging utusan wau botên purun dhatêng. Dene sababipun botên sanès inggih sabab saking anggèning Itali kataman ing têmbung panantang.

Ing sayêktosipun, babagan pasulayan wau pinanggihipun tansah anggêgayut dhatêng sanès nagari. Ing sapunika wontên pandakwa saking Itali ingkang tumuju dhatêng Jêpan. Pandakwa wau amastani bilih Jêpan nyulayani kalihan nyatanipun, ing ngajêng Jêpan cariyos, bilih botên anggadhahi pulitik ingatasipun tanah Ngabêsi, nanging nyatanipun ing sapunika wêwadosipun kawiyak, yêktosipun Jêpan nindakakên pulitik tuwin ekonomi tanpa kintên wontên ing Aprikah, ingkang atêgês badhe dados jalaran pêcahing papranganipun Jêpan kalihan Eropah, kadosdene pangintêning ngakathah.

Dene tumrapipun Inggris, sapunika sawêg ibut ngudi ngalêmpaking para pandhita agami ingkang sumêbar wontên tanah Ngabêsi. Sasampunipun ngalêmpak, supados sumingkir saking tanah ngriku. Kawontênan ingkang dhapur dados pêpucuking samèn-ramèn wau, inggih lajêng anumusi adamêl rêndhêting lampah among dagang sapanunggilanipun.

Panjênênganipun Nata ing Ngabêsi nate dipun suwuni priksa dening wêwakililng sêrat kabar, sang nata mratelakakên, bilih panjênênganipun kagungan kapitadosan dhatêng karampunganipun Polkênbon, punapa malih dhatêng Prancis tuwin Inggris, samantên punika manawi panimbangipun ngadil. Kajawi punika, kados-kados, Itali botên sagêd badhe angsal palilah nindakakên ekonomi wontên ing Ngabêsi.

Antêpipun sang nata ingatasing praja tuwin rakyat, samôngsa kêlampahan wontên pêpêrangan, sang nata badhe nyarirani piyambak, botên beda kados tumandanging rakyat limrah. Kajawi punika Nata Ngabêsi kagungan pangintên bilih Itali sagêd ugi kasoran, dene sabab-sababipun, sapisan, wadya Itali pisah dados kalih, dening

--- 978 ---

wontênipun ing laladan tanah Somali Ingggris tuwin Prancis. Kaping kalih, wadya Itali badhe manggih pakewêd ingkang botên kinintên wontên ing papan parêdèn ingkang inggil. Kaping tiga, wontênipun ing sagantên wêdhi badhe botên sagêd angsal toya ngombe. Kaping sakawanipun, têtiyang ingkang sami dados prajurit, ingkang kathah bôngsa Somali tuwin Erythrea, tamtu botên purun campuh kalihan bangsanipun piyambak.

[Grafik]

Kêmbul bujana kalihan para opsir saking Eropah ingkang nindhihi wadyabala Ngabêsi, punapadene para wakiling nagari mônca, wontên ing kadhaton ing Addis Abeba. Gambaripun Sang Nata Ngabêsi, ingkang lênggah nomêr 3 saking sisih kiwa.

Dene tumrap kasantosanipun Ngabêsi piyambak, gadhah senapati pitu ingkang satunggal-satunggalipun anindhihi wadyabala piyambak-piyambak, sadaya tumandang andêrpati. Inggih lêrês ingatasing dêdamêl, Ngabêsi ngrumaosi kapara kontit, nanging têtiyangipun sami adhêdhasar kuwanèn sayêktos, dados sanadyan kawontênanipun taksih nguciwani, nanging têrus tumindak lumawan yêktos.

Bab pasulayanipun nagari kêkalih punika sayêktosipun tansah anggêgayut dhatêng nagari kanan kêringipun ngriku, ingkang wosipun tumrap nagari kêkalih wau prêlu pados indhaking kasantosan, kados ta Itali gadhah panêmbung dhatêng Yaman, prêlu badhe ngangge têtiyang Yaman, kadadosakên kuli wadyabala, nanging panêdha wau botên dipun sêmbadani. Kosok wangsulipun Yaman nêmbadani dhatêng panêdhanipun utusan Ngabêsi anggèning gadhah panêdha badhe ngangge bôngsa Yaman dados wadya Ngabêsi. Têtiyang ingkang badhe kalêbêtakên dados prajurit [pra...]

--- 979 ---

[...jurit] wau badhe dipun bêkta mandhap ing palabuhan Odhedhah.

Manawi angèngêti tindakipun nagari kêkalih punika, têtela bilih anggènipun pasulayan badhe dipun lajêngakên. Nanging tumraping nagari-nagari ingkang badhe ngrukunakên, tansah ngudi murih kalampahanipun rukun. Inggris ngajêng-ajêng pitulunganing nagari sanês, supados ngêmori rêmbag punika. Ingkang dipun kajêngakên Inggris wau; Ostrali, Dhenêmarkên, Portêgal, makatên ugi Sêpanyol, kajawi punika kakintên wêwakil Amerikah sisih kidul ugi badhe ngêmori rêmbag ingkang botên badhe ilon-ilonên.

Tumrap wakil Ruslan tuwin Turki anggadhahi usul, supados Itali tuwin Ngabêsi sami nêtêpana punapa ingkang kawrat ing prajanjian ingkang sampun sami dipun sanggêmi ingkang kadamêl kala ing taun 1928, suraosing prajanjian wau, sawarnining pasulayan kêdah dipun rukunakên kanthi ngawontênakên juru pamisah. Dene rancanganing rêmbag ingkang badhe tumônja dados pamisah, punika wontên gangsal bab, sapisan, ing bab ngrukunakên, badhe kaajêngakên. Kaping kalih, ing salêbêtipun rêrêmbagan, Itali tuwin Ngabêsi botên kenging nuwuhakên rêmbag ingkang andadosakên pasulayan. Kaping tiga, badhe ngangkat juru pamisah ingkang kaping 5. Kaping sakawan, ing benjing tanggal 2 Sèptèmbêr kêdah sampun macak palapuran. Kaping gangsalipun, para ingkang nandhani tangan wontên ing prajanjian ing taun 1906 kêdah anglairakên panimbangipun.

Nanging bab rêmbag punika katingalipun sampun dipun duwa dening Itali, sampun ngantos ngêmorakên rêmbagipun Inggris, Prancis, tuwin Itali wontên ing parêpatan, ing bab anggèning sami nandhani tangan ing prajanjian 1906. Amargi nguwatosakên manawi nuwuhakên daya tumraping Ngabêsi. Dene Inggris botên purun anampèni rêmbagipun Itali ingkang kados makatên wau.

Cakipun ing bab rêmbag bab pangudi murih rukun, taksih rame wontên ing parêpatan.

[Grafik]

Sawangan ing tanah parêdèn sacêlakipun Payakumbuh, Sumatra kilèn.

--- 980 ---

Kawruh Sawatawis

Santun-sumantuning Dhawuh Pranatan Nagari Tumrap Karaton Dalêm Surakarta Adiningrat ing Taun 1889-1916.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 61.

XII. Bab arta têmbaga.

Kadugi taksih nunggil taun 1897, wiwit arta têmbaga ingkang awarni gobangan sarta dhuwitan damêlan gupêrmèn sami botên kêlampah malih (botên pajêng), nanging dipun santuni arta sèn sadaya dumugi sapriki. Mênggah arta gobangan sarta dhuwitan wau mligi tumrap saindênging nagari Surakarta piyambak jêr sanès-sanèsipun nagari sampun sami santun arta sèn sadaya wiwit rumiyin-rumiyin.

XIII. Tingalan wiyosan tumbuk.

Amarêngi dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 27 wulan Rêjêb Alip 1827, kalêrês dintên wiyosan dalêm Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana tumbuk kapisan têtêp yuswa 32 taun malêmipun dintên Kêmis wau sakubênging alun-alun lèr mawi pakajanganipun para abdi dalêm agêng alit tumplak blak, makatên ugi ing lêbêt dhatulaya, dipun wontêni pasamuwan agêng-agêngan mawi dhahar dhini dipun jênêngi Tuwan Residhèn, Kangjêng Gusti Mangkunagara, Oprêstê Bètèng tuwin para pangagêng sanès-sanèsipun pêpak.

Lêt sawatawis wulan ing pagêlaran tuwin alun-alun lèr wontên pasamuwan abên sima kalihan maesa, saha ngrampog sima 4 iji, inggih punika ngrampok tuwin abên sima ingkang pungkasan, dumugi sapriki dèrèng nate wontên malih.

Lêt sawatawis taun nuntên sahandhap sampeyan dalêm angramakakên para sadhèrèk dalêm nênêm kakung putri, ningkahipun wontên ing karaton, panggihipun wontên ing dalêm kapatihan.

Lêt sawatawis taun malih, nuntèn angramakakên putra dalêm kakung ingkang pambajêng: Kangjêng Pangeran Angabei dhaup kalihan putrinipun Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat pêpatih ing karaton dalêm. Ing sakubênging alun-alun ugi mawi pakajanganipun para abdi dalêm agêng alit. Jaman samantên pasamuwan manton taksih kêlampahan mawi lamaran, pangkat saking kapatihan kaarak dhatêng karaton.

XIV. Dhawuh pranatan bab baludir rasukan.

Taun 1898, nagari andhawuhakên pranatan amêwahi baludiripun rasukan anggènipun abdi dalêm panèwu mantri sapanginggil ing jôngga, dhadha, lêngên sapiturutipun. Bênikipun abdi dalêm mantri sapanginggil kêdah lètêr P.B. nalika samantên sêsarêngan akalihan panganggenipun abdi dalêm mantri pulisi sapanginggil, ingkang ondêr dhistrik minggah dodotipun kêdah sinjang bathikan worawari rumpuk, nanging ingkang pulisi golongan kabupatên nayaka (patuh) dodotipun sinjang bathik sêmèn latar cêmêng.

--- 981 ---

X. Pranatan tudhung anggenipun abdi dalêm.

Ing taun 1899, nagari andhawuhakên pranatan bab tudhung panganggenipun para abdi dalêm inggih punika ingkang apangkat panèwu mantri sapanginggil dumugi prayagung bupati, tudhungipun bilih mangangge pameran: pacul gowang mawi bulu-bulu plim cêmêng, tangsul uwang renda kêkancing P.B. Pangagêmanipun pêpatih dalêm wangun kêthu bunton mawi bulu-bulu plim pêthak byur. Dene panganggenipun abdi dalêm ingkang dèrèng pangkat mantri, pacul gowang lugas tanpa tangsul uwang tanpa ngangge bulu-bulu sarta botên mawi kancing bênik.

XV. Kêbonraja Sriwêdari.

Ing taun 1899 ugi, nagari ngadani yasa kêbonraja kadosdene tatanipun bôngsa Eropah, manggènipun sakidul margi agêng ingkang saking galadhag dumugi Purwasari, panjangipun mangetan mangilèn kirang-langkung 500 metêr, wiyaripun mangalèr mangidul watawis 200 metêr, kalêbêt ing têngah kintên-kintên wontên 100.000 metêr pasagi, dados awangun panjang ambanon. Ing saperangan alit narajang pakampungan. Kêbonraja wau lajêng kaparingan nama: Sriwêdari. Ing sakawit kêbonraja wau, mungnamung. isi bujêngan wana, sato galak, sato kewan, musik, gêdhong pasimpênan pakalêmpakanipun barang kina (museum), ingkang iring kidul kilèn panggenan pamulasaran tiyang sakit ewah. Dangu-dangu lajêng wêwah têtingalan warni-warni ajêg sabên dintên Akad kala-kala kangge papan paramean. Dangu-danguning taun lajêng kawêwahan gêdhong Radya Pustaka, inggih pakalêmpakaning sêrat-sêrat tuwin buku-buku waosan warni-warni. Sabên malêman ing wulan Ramêlan satêngah wulan muput dipun wontênakên karamean mawi toko tuwin têtingalan warni-warni. Lami-lamining taun malih dipun wontêni têtingalan kabikak sabên dintên ajêg, tumuntên ingkang iring kilèn dipun dèkèki papan panggenan kangge main putbal, sabên sontên enjing utawi dalu, lêstantun dumugi sapriki.

[Grafik]

Sawangan taman Sriwêdari.

Wasana dumugi sapunika, taman Sriwêdari wau saya wêwah sae tuwin lêstantun majêng-majêngipun. Taksih wontên sambêtipun.

P.K. 585.

--- 982 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Kongkurês Macak Tumrap Wanita

I

Petruk: Ana paribasan Walônda, kurang luwih unine mangkene: nganggur iku bantaling setan. Nèk tak pikir-pikir, Kang Garèng, kok iya akèh bênêre, dhing. Wong aku kiyi bae, nèk wis nganggur sathithik, wèh, sanalika kono mas bèi setan, mas ngantèn dhêmit, iya banjur padha pating dlèdèr, pating gêdhèdhèr, anglèncèri aku, padha ngajak-ajak sarta ngajani sing ora-ora. Kaya ta ajak-ajak sing mangkene kae: yo ayo nyang ... mis, ribut, loso, loso. Lan sapêpadhane, mulane, Kang Garèng, timbangane nganti kadhayohan para abdi dalêm Nyi Lara Kidul, luwih bêcik ayo padha alam-alaman.

Garèng: Iba buh dadi, Truk. Apa ngajak alam-alaman nalikane jaman Majapait, bêcik, aku sing dadi Damar Wulan, kowe Minakjinggane, kaya-kaya wis cèplês, apa jamane Dêmak, iya bêcik, aku sing dadi: Jaka Tingkir, kowe Dhadung Ngawuke, iya plêk bae. Apa alam-alaman ing jaman purwa, iya bagus, aku sing dadi Satriya Madukara Radèn Arjuna, kowe sing dadi Prabu Hong tete ...

Petruk: Wèh, ana wayang purwa têka dicampur wani karo wayang potèhi mêngkono. Ora, Kang Garèng, alam-alaman cara sing mêngkono kuwi, tumrape jaman saiki, wis jênêng wadhang. Karêpku alam-alaman kiyi, alam-alaman cara Sêmarangan, padha nganakake kongkurês macak, nanging macak tumrape para wanita. Hla, kowe karo aku ethok-ethoke dadi juri, yaiku wong-wong sing diwajibake milih, êndi sing bêcik dhewe.

Garèng: Mêngko - sik Truk, aja main-main kowe, Sêmarang nganakake kongkurês macak tumrape para wanita kuwi, rak ana sêdyane sing utama bangêt, yaiku arêp ngajokake kabudayane bangsane dhewe kiyi, mulane sing kanggo nomêr wahid, iya panganggo: lurik-lurikan.

Petruk: Aku ngandêl, Kang Garèng, yèn sêdyane mau pancèn iya apik lan utama bangêt, apa ngilang-ilangake para sing kagungan ada-ada mangkono mau, têmtune rak iya bangsaning para sing pêng-pêngan kae, kêna diunèkake sing panggalihane wis sawiji kae, luwih manèh sing jumênêng dadi juri, sabênêre panggalihane [panggaliha...]

--- 983 ---

[...ne] iya wis kudu satêngah wali kae.

Garèng: Wèh, saya kithal pikiranaku, Truk, ana dadi jurining kongkurês macak tumrap para wanita, kok kudu kagungan pangggalih satêngah wali, kuwi karêpmu kapriye.

Petruk: Wis mangkene bae, Kang Garèng, kowe saikine ethok-ethoke tak bênum dadi juri, saiki pilihên, antarane wong wadon nêm iki, êndi sing kok anggêp apik dhewe pacakane.

[Grafik]

Garèng: Wah, rada kangèlan, Truk, jajal tak urutake saka kiwa. Sing nomêr siji sajake cara Yoja dêlês, katone mula iya luwês, sing nomêr loro, rada kagok guprêmenan, têka iya pantês, sing nomêr têlu, sêmune sapolah tingkahe katon kèwês, hla sing nomêr papat, iya klêbu modhèrên, sêtêngah Jawa sêtêngah nonah, wah, kok iya ngedani têmênan. Sing nomêr lima, anggone nyampirake slendhange têka gandês têmên, wèh, katone le ulêng-ulêngan, balik sing nomêr nêm, wadhuh ... ma-tik, aku.

Petruk: Wèh, hla kok ora ana sing ala mêngkono. Sing nomêr siji luwês, sing nomêr loro pantês, sing nomêr têlu kèwês, sing nomêr papat: ulêng-ulêngan, sing nomêr lima ... gèk sing ala bae sing êndi. Apa kabèh-kabèh dikon ngêwèhi pris. Mara, apa salah kandhaku ing ngarêp, yèn sing jumênêng dadi juri kuwi kudu kagungan panggalih sêtêngah wali, karêpe kudu kagungan panggalih sawiji. Ora kêna ngèngêti liyane, kajaba sing mung dipijèkake bae. Tumrap panganggo, luwih manèh mungguhing wanita, rupa kuwi sok bisa ngundhakake karate nganti 75%, kaya ta: wong wadon macak kêras, suwênge bae rêga 3000 rupiyah, durung pênitine, ali-aline, kuwi malah diunèkake: wèh, kathik kaya ... Nini Blorong. Banjur ana manèh wong wadon sing macak gajah, tapihe latar putih babaran sala, klambine sup ijo, slendhange garut, têngahe abang, malah akèh sing ngalêm, dipadhakake kaya ... omah kobong. Barêng ana manèh [ma...]

--- 984 ---

[...nèh] wong wadon, sing panganggone mung klambi lurik, tapih lurik, ora suwêngan ora barang, ora jungkatan, rambute dhawul-dhawul, malah diunèkake kaya Dèwi Ratih mêntas kalah main. Mara, rupa kuwi wis anggawa daya, Kang Garèng. Apa iya ora angèl sing dadi juri.

Garèng: Kok iya bênêr dhing, Truk, kajaba iku Truk, sing padha mèlu kuwi bangsaning wanita sing kêpriye, têkane saiki têka durung ana pêrslahe, kiraku, iya bangsaning wanita, sing wis dhuwur têmênan ngèlmune. Awit, yèn mung wanita lumrah bae, aja manèh nganti diunèkake: wèh, hla wong wadon anggone dandan têka ora ambêjaji mêngkono, têkaning ngomah oraa banjaur bunuh dhiri, lagine ana ing dalan arnale tiba, wah, wis ta wis, isine jarene ditêbusa têlung dhit masa diwènèhna.

Petruk: Kajaba iku, wong wadon sing mèlu nêmpuh kongkurês mau, iya kudu wong wadon sing jêmbar sêsurupane, lan sabar bêbudène. Awit lumrahe wong wadon kuwi sok cugêtan atèn bangêt, aja manèh nganti dirani: wah, anggèn sampeyan dandan niku botên luwês botên barang. Oraa sanalika kono banjur klêngêr, lagi unèkake: gêlungan sampeyan niku kok rada mèmpêr ondhe-ondhe, anggone nosot-nosotake iya wis êntèk-êntung têmênan. Aja manèh yèn ana ing ngarêpe wong akèh, ing môngka rumasane le dandan wis dikayang ora karuwan, upamane bae, le dandan mau dilakoni sadina ambathêthêt, pungkasane, ana ing kongkurês mau, kok banjur diputus: bijine anggèn sampeyan dandan, kula sukani ... têlu punjul sêprapat, aku wani tanggung, Kang Garèng, nèk wong wadon lumrah, têkan ing ngomah, rakane bakal kapêksa kudu tuku barang-barang anyar manèh, awit, ana pêngilon, wadhah wêdhak pupur lan sapêpadhane, gênah padha pêcah kabèh. Kosok baline, nèk ana ing kongkurès olèh pris, sing lanang iya saya cilaka manèh. Sabab saupama dipaido sathithik bae, wong iya banjur rumasa ayu bangêt, sing kanggo sumbare sabên dina: ambok aja pêtingkah dadi wong lanang, ora kurang wong lanang sing arêp ngêpèk aku. Kajaba saka iku, kuwatirku yèn banjur apa-apa wêgah, sabab wêdi yèn dicêngklong ... ayune. Hara, tibaning ngênggon, apa ora sing lanang bae, sing tiba dhênggung. Mulane, saupama aku dijaluki adpis mungguh arêp nganakake kongkurês macak tumrape para wanita, wangsulane iya mung: tidhak mupakat, mungguh sabab-sababe, liya dina bae tak andharake sing nganti jlèntrèh bangêt.

Pawartos saking Administrasi.

Lêngganan nomêr 1257, (M. Mangundimêja) ing Klampok. Kalintu anggènipun nyêrat nomêring lêngganan. Wosipun wangsulan punika tumrap tiyang sanès.

--- 985 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKI.

Dèrèng kasumêrêpan kajêngipun. Ing dhusun Gênêngan, Jebres, Surakarta, wontên satunggiling tiyang dhudhuk-dhudhuk siti ngantos awarni guwa. Sarêng sampun lêbêt, tiyang wau lajêng nuntun kapalipun kabêkta malêbêt dhatêng guwa. Ingriku kapal lajêng jondhil-jondhil, anjalari jugruging siti, satêmah kurugan kalih pisan. Ingriku sarêng kasumêrêpan tiyang kathah lajêng dipun tulungi, kadhudhuk enggal-enggalan. Nanging pun tiyang sampun kêlajêng pêjah, kapal taksih gêsang. Mênggah kajênging tiyang wau dèrèng kasumêrêpan. Salajêngipun dados papriksan.

[Grafik]

Lulus pandadaranipun ing sêkolahan guru luhur ing Mêsir. Kawartosakên, Tuwan Muhammad Salim, neneman asli saking Tanjung Pura, Langkat, kintên-kintên laminipun 10 taun sêkolah ing Mêsir, wiwit sêkolah andhap dumugi sêkolahan luhur guru, "Dar El'Ulum" ing Mêsir ingkang wêkasan punika, sampun lulus pandadaranipun.

Kadurjanan kajêng ing Ngawi. Pulisi ing Ngawi mêntas nyêpêng tiyang 50 ing dhusun Watuabang, amargi mêntas nindakakên kadurjanan kajêng jati gupêrmèn ing Nganepan. Kêpala dhusun ingriku ugi kagledhah, kakintên tumut-tumut. Sanadyan pinanggih botên tumut nglampahi kadurjanan, nanging numbasi kajêng pêtêng, mila ugi kasêrêg. Salajêngipun taksih nindakakên gledhahan tuwin pajagèn kêncêng. Kathah kajêng-kajêng ingkang dados bukti.

Bêbaya ing têngah lautan. Sampun sawatawis dintên wontên baita lumampah ing sagantên antawising Nusa Penida tuwin pasisir Sanur (Den Pasar, Bali). Baita wau dipun tumpaki tiyang 15. Jalaran saking agênging ombak, baita wau kêbalik, tiyangipun namung kêtulungan ingkang 6, ingkang 9 ical botên kantênan. Barang bêbêktanipun sami ical sadaya. Awit saking pratelanipun tiyang ingkang gêsang, kèrêming baita wau jalaran saking katêmpuh ing ombak agêng, baita ambalik, dene têtiyang 6 ingkang sami wilujêng, punika sami gocekan baita, lajêng kabêkta ombak dumugi pasisir Sanur, lajêng dipun pitulungi tiyang kathah saha lajêng dados papriksan pulisi.

Rosan kangge dana. Ing mangsa punika tanêman rosan gadhahanipun pabrik gêndhis Purwokêrto sampun sêpuh, nanging sarèhning pabrik wau botên giling, rosan wau lajêng dipun sukakakên dhatêng sintêna kemawon ingkang purun mêndhêt. Ing bab punika lajêng kathah tiyang ingkang sami dhatêng mêndhêti, kenging kangge cagak gêsang.

N.I.S. ngandhapakên waragad ngusung barang. Sampun wiwit kala tanggal 24 Juli kêpêngkêr, N.I.S. ngandhapakên prabeya pangusunging barang-barang toko saking antawising Sêmarang dumugi Jokja Lêmpuyangan. Mandhaping prabeya wau wiwit 35 dumugi 50 pCt.

Anjampèni namung kalihan toya. Wontên pawartos, R. Wimono Tirtohadikusumo ingkang nuju wontên ing pathi, sagêd anjampèni sêsakit namung sarana toya. R. Wimono punika ingkang wayah R.M. Pringgowinoto, Bupati Tuban. Wontênipun ing Pathi manggèn ing dhusun Karangwage. Kajawi punika ugi bikak papan panggenan ing Randhublatung tuwin sanès-sanèsipun. Saking gotèning ngakathah, kathah tiyang ingkang kêtulungan. Tataning jêjampi ingkang kados makatên punika botên kenging dipun paibên. Nanging tumraping sêsakit, kados botên wontên ingkang prayoginipun kados jêjampi dhatêng doktêr.

Sudan blanja. Ing bab pawartos sudan blanja malih 3 pCt. punika dèrèng wontên karampungan saking parentah. Dene parentah anggènipun nêtêpakên, samangsa angsal-angsalanipun pamêdal ing taun 1935 nyata awon.

Saya sênggang. Ing bab gêrah dalêm sampeyan dalêm K.G.P.A.A Paku Alam, katingal saya sênggang. Sapunika sampun kenging mandhap saking pasarean.

Kongres P.K.N. Benjing tanggal 18 wulan punika P.K.N. ing Ngayogya badhe ngawontênakên kongres. Ing dintênipun pêpanggihan mawi pasamuwan ringgit tiyang sumbangan saking Krida Bêksa Wirama, lampahanipun Babad Wana Martani. Sarèhning jamanipun kados makatên, badhe kadamêl sarwa prasaja kemawon. Ing kongres ngriku ugi badhe ngrêmbag babagan P.K.N. wanita, ingkang anggadhahi calon warga kirang langkung 3000.

Rajapêjah mandhor pakunjaran ing Tangêrang. Sampun sawatawis dintên, mandhor pakunjaran ing Tangêrang ical, kakintên minggat, amargi inggih tiyang ukuman, wêlasan taun. Mandhor wau kapatah nindhihi damêl têtiyang ukuman wontên sabin dhusun Cokol. Wusana sanès dintên sabin ing Cokol pinanggih wontên pêndhêman nyalawados, sarêng kadhudhuk pinanggih wontên mayitipun mandhor wau. Miturut papriksan doktêr, pinanggih wontên tandha-tandhanipun dipun aniaya, nanging sêpên botên wontên ingkang sagêd suka katrangan. Salajêngipun dados papriksan.

Badhe dhatêng Jêpan. Wontên pawartos, gamêlan kêcapi Sundha "Warna Sari" ing Bêtawi, ingkang dipun pangajêngi dening R. Mohamad Salèh, badhe dhatêng Jêpan. Ingkang badhe nyêpuhi lampah Tuwan Ijos, guru pamulangan Gemeente ingkang kalêrês badhe verlof dhatêng sajawining nagari. Manawi kadadosan bidhalipun benjing sabibaring Pasar Gambir. Saha ing sadèrèngipun badhe kasaring rumiyin sintên ingkang pantês kawêdalakên.

Pabrik dlancang ing Padalarang. Kontrak tumrap pabrik dlancang ing Padalarang ingkang sakalangkung mikantuki, benjing têngah-têngahing taun 1936 sampun pundhat. Miturut pawartos, kontrak wau botên kalajêngakên. Salajêngipun pabrik wau botên gêgayutan kalihan pamarentah malih.

--- 986 ---

Muhammadiyah pang Bêtawi. Muhammadiyah pang Bêtawi babagan pangajaran martosakên:

Murid-murid "Sekolah Menengah Muhammadiyah" ing Krama[...]Naskah rusak. No. 49 - Batavia-Centrum kala wêkasaning taun pangajaran 1934/1935.

Ingkang minggah.

a. saking Voorklas dhatêng klas I Mulo: Taju Subki, Emit, Marjuk, Hamdani, Suhud, Sukro, Prawito, Malkan, Parmonangan Siregar, Istiqomah, Suyatmi, Sukati, Sitti Ru'yati, Mariyam, Asmada, Muzamil Yasin, Yusuf, Sukarti tuwin peret Kartono; voorwaardelijk 1; botên minggah 1.

b. saking klas I dhatêng klas II Mulo: Sugito, Ismail, Sumitro, Dudung, Supardi, Marsikun, Suwarno, Badrus, Sudiro, Dadang, Murhadi, Muchsin, Agus, Joharsah, Waliyah, Moh. Suhud, Suroto, Masiyo, Sujatiman, Sumarga, Sudarmo tuwin Sugêng; voorwaardelijk 1; botên minggah 5.

c. saking klas II dhatêng klas III Mulo: Abdulrachman, Achmad Ali, Sitti Rohaya, R. Otib, Sudalmiyah, Mandu Haironi, Tuti Sugiyarti, Hatijah, Mohd. Rosad, R.M. Asikin, R. Sukma Jayanêgara, Hoot, Suganda, Hutarjo, Ngadiman, Suryono, Abunandar, Palizir, R. Sujatmo, Taufiek, R. Sukartono, R. Sumartono, Rukmini tuwin Idrus; voorwaardelijk 2; botên minggah 8.

d. minggah saking klas I dhatêng klas II Kweekschool (leerplan H.I.K.): R. Achmad, A. Romeli, Tubagus Mufti, Zachrial, Deded, Zainal Arifin, Sukoco, Imam Sumarsono, Ma'ali, Kajatmika tuwin Netty Yunus; voorwaardelijk 1; botên minggah 3.

e. Minggah saking klas I dhatêng klas II A.M.S. (leerplan A.M.S. Afd. B.): Sudikno, Sukrie, Suparman, Moh. Yahya, Maskuri, Abdulkarim, R. Herman, Suleman, Burhanudin, Murjono, Mohd. Kahar, Pratiknyo, Nurdin, Moh. Sayuti, Nu'man, Prapto tuwin Sudarto; voorwaardelijk 4; botên minggah 3.

Guru-gurunipun "Sekolah Menengah Muhammadiyah" tuwan-tuwan lan nona-nona: Ir. Juanda (Directeur), Mej. Mr. Maria Ulfah, Mej. Sugiyarti (Eur. Hoofdakte), Marang. Radèn Dardo, Ir. Sucitro, Dr. S. Subroto, Suteja (Hoofdakte), Sutopo, Zainul Arifin, Ismail Jamil, Prawoto Adhiwijoyo, Sukarya Adiwijaya.

Schoolcommissie "Sekolah Menengah Muhammadiyah" Tuwan-tuwan lan nona: R.B. Sabarudin (voorzitter), Dr. S.H. Subroto (secretaris), Mej. Mr. Maria Ulfah, Ir. Juanda tuwin Mr. Dr. Radèn Mas Suripto.

Drs. Moh. Hatta tuwin sanès-sanèsipun badhe kapindhah. Gêgayutan kalihan pitakenanipun warga Raad Kawula, wakil parentah mratelakakên bilih Drs. Moh. Hatta ingkang wontên ing Digul, kagalih ing parentah sagêdipun pindhah saking pambucalan ing Digul katunggilakên kalihan para bucalan pangajaran sanès-sanèsipun.

Mêwahi pawitan Pasar Credietbank. Gemeente Cirebon mêntas nindakakên pitulungan dhatêng têtiyang dagang alit, ingkang sabên dintên malêbêt pêkên, kanthi ngawontênakên Pasar-Credietbank, apawitan f 1000.-. Pawitan samantên wau salêbêtipun satêngah taun pikantukipun nyênêngakên. Pawitan wau lajêng badhe kaindhakakên dados f 2000.-. Rekadaya makatên punika sagêd anjalari agênging pêkên.

Pangajaran Islam ing Mulo. Wontên pawartos, awit saking panêdhanipun murid Mulo Gupêrmèn sawatawis ing Kêdiri dhatêng directeur, supados sami dipun sukani wulangan agami Islam. Ing bab punika lajêng karêmbag kalihan pangajêng Muhammadiyah dipun sayogyani, saha lajêng matah Radèn Ruki supados mulang.

Majelis Pertahanan Islam. Ing Ngayogya wontên pakêmpalan nama Majelis Pertahanan Islam. Ing pangajêng-ajêng ing pundi-pundi sagêda ngêdêgakên kados makatên. Wosing kajêng ngrêksa kaluhuraning agami Islam.

Dados Mr. wêdalan Leiden. Tuwan Kasiman Joyoputranto, bangsa Jawi Kristen asli Ngayogya, lulus saking pamulangan luhur ing Leiden ing bab babagan pangadilan, angsal sêsêbutan Meester.

[Grafik]

Têtandhingan sês. Inginggil punika gambaripun para wanita ing Paris nuju têtandhingan sês, pundi ingkang kawastanan luwês piyambak, mriksanana ing gambar.

--- 987 ---

Wêwaosan

Wangsulipun Tarsan.

Piridan saking buku karanganipun Tuwan Edgar Rice Burroughs.

36.

Salaminipun wontên ing kapal ngriku, limrahipun manawi ing wanci dalu, Tarsan asring sok lêlinggihan kalihan Nonah Sêtrong wontên ing ngêdhèg, salajêngipun manawi Nonah Sêtrong sampun mapan tilêm, Tarsan lajêng lendhehan wontên ing hèking kapal ngantos sawatawis dangu, aningali kawontênanipun ing sagantên. Makatên ugi ing satunggiling dalu, sasampunipun Nonah Sêtrong kesah saking ngêdhèg, kados adat, Tarsan inggih lajêng lendhehan malih wontên ing hèking kapal, prêlu aningali sagantên.

Padatanipun Tarsan ngadêg lendhehan wontên ing hèk wau dipun yêktosi saha tansah dipun awasakên dening têtiyang kalih, ingkang tanpa kêndhat ngulat-ulatakên dhatêng solah-tingkahipun Tarsan. Nalika ing dalu kasêbut nginggil Tarsan ngadêg lendhehan wontên ing hèk, tiyang kalih wau inggih sawêg sami ngawasakên dhatêng Tarsan. Ing kala samantên ing ngêdhèg botên wontên tiyang satunggal-tunggala. Ing dalu punika kalêrês tingkas, nanging botên padhang rêmbulan. Barang-barang ingkang wontên ing ngêdhèg prasasat botên sami katingal.

Saking salah satunggiling kamar wontên tiyang kêkalih ngrundhuk Tarsan saking wingking. Jalaran saking suwaraning ombak ingkang nampêk dhatêng baita, suwaraning rodha kapal ingkang ngongsrong, punapadene suwaraning mêsin ingkang ambrêngêngêng, ngantos lampahipun tiyang kêkalih ingkang sami ngrundhuk wau botên kamirêngan.

Samangke tiyang kêkalih wau sampun dumugi ing sawingkingipun Tarsan cakêt. Salah satunggal wontên ingkang kadosdene suka sasmita, tanganipun kainggahakên kaandhapakên sawarni metangi: ji, ro, lu, inggih punika anggèning badhe anêtêpakên sarêng-sarêng tumandangipun, cêg, cêg sukunipun Tarsan ujug-ujug kacêpêng dening tiyang kêkalih wau. Sanadyan Tarsan kacariyos prigêl lan rosa sangêt, ing kala punika dèrèng ngantos nolèh, kasêlak sampun kaangkat kajêgurakên ing sagantên.

Ing wêkdal punika Nonah Sêtrong nuju wontên ing kamaripun, sawêg ngungak ing jandhela dhatêng sagantên ingkang katingal pêtêng sangêt, dumadakan saking nginggil dhèg ing kala punika kadosdene wontên badan dhawah mangandhap. Dhawahipun rikat sangêt, ngantos nonah wau botên sagêd amastani kanthi yêktosan, punapa sajatosipun ingkang dhawah wau. Sagêd ugi bilih ingkang dhawah punika tiyang. Nonah Sêtrong anilingakên kupingipun, manawi-manawi lajêng wontên suwara wontên tiyang dhawah, kados limrahipun ing salêbêting kapal, manawi wontên tiyang kacilakan dhawah ing sagantên. Nanging ing kapal ngriku botên kamirêngan suwara punapa-punapa. Kèndêl sidhêm, botên wontên sabawaning walang salisik.

Nonah Sêtrong angintên, bilih botên sanès ingkang dhawah wau ngêmungakên bangsaning barang kemawon, ingkang punika Nonah Sêtrong lajêng mapan tilêm.

XIII.

Enjingipun ing papan dhahar ing kapal ngriku, kursi sadhiyanipun Tarsan kêtingal botên wontên ingkang nglênggahi. Kawontênan ingkang makatên punika, adamêl gumuning manahipun Nonah Sêtrong, awit padatanipun sabên dintên wancinipun sami sarapan, Tuwan Kadwèl tansah angêntosi Nonah Sêtrong tuwin ibunipun. Sarêng sampun ragi siyang Nonah Sêtrong linggihan wontên ing ngêdhèg. Tuwan Turan aliyas Rokop, lajêng murugi mriku lan rêrêmbagan sakêdhap. Ing kala punika Tuwan Turan sêmunipun katingal sênêng sangêt, sarta katingal langkung grapyak katimbang padatanipun. Sakesahipun Tuwan Turan, ing batos Nonah Sêtrong angalêm: wong kae têka andêmênakake têmên.

Ing dintên punika salajêngipun botên wontên kadadosan punapa-punapa. Nonah Sêtrong rumaos kecalan mitranipun Tuwan Kadwèl, ingkang sadaya tindak tandukipun sarwa sabar. Tuwan Kadwèl wau anggadhahi daya, ingkang anênarik manahipun Nonah Sêtrong. Jalaran piyambakipun punika, sagêd sangêt cacriyosan ing bab punapa kemawon ingkang sampun nate dipun lampahi utawi dipun sumêrêpi, kados ta manawi nyariyosakên nagari-nagari ingkang sampun nate dipun ambah, sawarnining bôngsa ingkang sampun nate dipun sumêrêpi, punapa malih bangsaning kewan-kewan ing wana agêng, inggih langkung cêtha utawi kados wujud-wujuda. Langkung malih anggèning sok nyariyosakên têtimbanganipun sato galak kalihan manungsa, punika sok lucu sangêt. Awit piyambakipun anyariyosakên bilih manungsa punika langkung pintêr, nanging sato galak langkung suci manahipun. Jalaran tumraping sato galak amêmêjahi, punika jalaran ngêlih utawi tinêmpuh ing mêngsahipun, sarêng manungsa punika amêjahi, namung jalaran saking anggènipun rêmên amêmêjahi.

Salajêngipun ing dintên wau, Tuwan Turan tansah angancani Nonah Sêtrong, ingkang sagêd anjalari dados panglipuring manahipun. Ewasamantên Nonah Sêtrong inggih tansah botên sakeca ing manah, [ma...]

--- 988 ---

[...nah,] dene Tuwan Kadwèl lajêng botên katingal babar pisan. Ing batos lajêng kèngêtan kalihan nalika ing wanci dalu piyambakipun anyumêrêpi sawarni barang ingkang dhawah saking nginggil dhatêng sagantên. Ing bab punika Nonah Sêtrong lajêng arêraosan kalihan Tuwan Turan, Nonah Sêtrong apitakèn dhatêng Tuwan Turan punapa ing dintên punika botên amrangguli Tuwan Kadwèl. Manawi botên, lah gèk wontên sabab punapa. Salajêngipun Nonah Sêtrong wicantên makatên: Kala wancinipun sami sarapan enjing, piyambakipun têka botên wontên. Lan wiwit wau dalu kula botên sumêrêp malih.

Ing ngriku Tuwan Turan aliyas Rokop, ngatingalakên sajak gita, tuwin tumut amrihatosakên, saha lajêng wicantên makatên:

Kula punika dhatêng Tuwan Kadwèl, dèrèng patos têrang. Nanging saking pangintên kula piyambakipun punika satunggiling tiyang ingkang pantês kinurmatan. Bokmanawi piyambakipun ing samangke sawêg sakit, amila botên mêdal-mêdal mêmpên wontên ing kamaripun kemawon. Kados ingkang makatên punika botên anggumunakên.

Nonah Sêtrong amangsuli: Kintên kula botên manawi sakit. Punapa kabêkta saking manahipun tiyang èstri, nanging manah kula têka botên sakeca sangêt, kados-kados têmtu wontên sababipun sanès ingkang langkung wigatos. Raosing manah kula têka anèh, kados-kados ing samangke Tuwan Kadwèl punika sampun botên wontên ing salêbêtipun kapal ngriki.

Tuwan Turan gumujêng saha lajêng wicantên: Lah, Nonah Sêtrong manawi botên wontên salêbêting kapal ngriki, lajêng dhatêng pundi, awit sampun pintên-pintên dintên, kula sadaya rak sampun sami botên mênangi nagari-nagari ingkang kalangkungan.

Nonah Sêtrong anocogi rêmbagipun Tuwan Turan, saha lajêng cariyos: Mila inggih makatên, cariyos kula wau pancèn inggih anggumujêngakên. Nanging kula kapengin badhe nyumêrêpi wontên pundi dunungipun Tuwan Kadwèl ingkang têmtu. Sasampunipun cariyos makatên, Nonah Sêtrong lajêng ngawe-awe angundang salah satunggiling jongos kapal ingkang kalêrês langkung ing ngriku.

Tuwan Turan angunandika makatên: Hêh, masa kêtêmua ora, yèn kowe arêp anggolèki Kadwèl aliyas Tarsan. Nanging lajêng wicantên sora makatên: Lêrês sangêt manawi panjênêngan badhe anguningani kawontênanipun Tuwan Kadwèl ingkang salêrês-lêrêsipun.

Nonah Sêtrong lajêng amrentahi dhatêng jongos wau makatên: Jajal kowe sowana Tuwan Kadwèl, lan matura, yèn para mitrane padha ngarêp-arêp kabèh kêpengin bisa atêtêmon.

Sasampunipun jongos kesah, Tuwan Turan lajêng apitakèn dhatêng Nonah Sêtrong: Kintên kula panjênêngan punika ragi cocog kalihan Tuwan Kadwèl.

Nonah Sêtrong amangsuli: Mênggahing pamanggih kula, piyambakipun punika tiyang ingkang andêmênakakên sangêt pitêpanganipun. Punapa malih ibu kula, punika trêsna sangêt dhatêng piyambakipun. Piyambakipun punika satunggiling tiyang ingkang kenging dipun pitados tumraping têpanganipun kalihan wanita.

Botên antawis dangu jongos ingkang dipun kèngkèn wau, wangsul saha anyariyosakên, bilih Tuwan Kadwèl botên wontên ing kamaripun. Aturipun jongos dhatêng Nonah Sêtrong: Kula botên sagêd pinanggih. Malah samirêng kula, pasareyanipun sadalu botên dipun sarèni. Kintên kula langkunga sae bilih prakawis punika kula lapurakên dhatêng tuwan kaptin.

Nonah Sêtrong amangsuli: Iya wis mêsthi bae yèn kowe kudu lapur mênyang tuwan kaptin. Ayo karo aku marga bab kiyi nyalawadi bangêt. Aku wis ngrasa yèn ana lêlakon kang anggêgirisi, dadi anocogi karo ora kêpenaking pikirku.

Salajêngipun Nonah Sêtrong kalihan jongos kapal sami gita-gita lapur dhatêng tuwan kaptin. Tuwan kaptin mirêngakên sadaya dêdongenganipun tiyang kêkalih wau kalihan anggatosakên, sarta katingal sêsulaking maripatipun, bilih anguwatosakên sangêt, punapa malih sarêng jongos wau anyariyosakên, sampun dipun padosi dhatêng pundi-pundi mêksa botên pinanggih.

Ing ngriku tuwan kaptin lajêng pitakèn dhatêng Nonah Sêtrong makatên: Nonah Sêtrong, punapa saèstu panjênêngan wau dalu anyumêrêpi wontên barang-barang ingkang dhawah ing sagantên.

Nonah Sêtrong amangsuli: Inggih yêktos. Kula botên sagêd nyariyosakên, manawi ingkang dhawah wau punapa tiyang utawi sanès. Awit kala dhawahipun, botên wontên suwara pambêngoking tiyang. Sagêd ugi manawi ingkang dhawah wau namung barang limrah kemawon. Nanging manawi Tuwan Kadwèl samangke sayêktos botên wontên ing salêbêting kapal, kula yakin, bilih ingkang dhawah punika botên kenging botên têmtu piyambakipun.

Sanalika punika tuwan kaptin lajêng suka prentah supados aniti priksa ing salêbêting kapal ingkang ngantos salêsih, sampun ngantos wontên panggenan ingkang klangkungan. Nonah Sêtrong lajêng wangsul ngêntosi wontên ing kamaripun piyambak, nêngga kadospundi angsal-angsalaning paniti priksa wau. Tuwan kaptin ugi sampun pitakèn bab warni-warni dhatêng Nonah Sêtrong mênggah kawontênan ingkang gêgayutan kalihan Tuwan Kadwèl, ananging Nonah Sêtrong botên sagêd ngaturi katêrangan ingkang langkung cêtha, awit têpangipun inggih namung salêbêtipun sami wontên ing kapal ngriku kemawon. Ing ngriku Nonah Sêtrong sawêg ngraos, bilih Tuwan Kadwèl punika prasasat botên nate nyariyosakên lêlampahanipun piyambak. Sumêrêpipun ngêmungakên, bilih Tuwan Kadwèl wau dipun lairakên wontên ing Aprikah lan agêngipun wontên ing kitha Paris. Badhe kasambêtan.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ngudi dhatêng Kadonyan

[Dhandhanggula]

mrih sarkara pangikêting kawi / mung kinarya sêsambèn nèng wisma / kang supadi lipur tyase / aywa tansah ngêlangut / nggagas sandhang kalawan bukti / rêkasa ngupa boga / mèt srananing idhup / datan ana wêkasannya / yèn rinasa ngaurip nèng donya iki / prêtingsing tansah kurang //

kang binuka nèng jroning palupi / duk samana ana janma juga / Sêdyalêngkara arane / akèh gagasanipun / kang rinantam ing sabên ari / karêm angeka-eka / kabêgjan kang agung / ngarsa-arsa ngayawara / panjangkane kang adoh nglangut dèn udi / pinêlêng jro wardaya //

duk samana ing ari sawiji / wanci sore nuju tabuh astha / pun Sêdya alungguh dhewe / nèng wisma lênguk-lênguk / lungguh lincak nyambi mbêsuti / klobot sarwi ginarang / anèng lampu dhudhuk / klawan ngêningkên gagasan / angupaya sarat sarananing urip / ing ngêndi marganira //

tansah mêlêng ngolak-alik pikir / ngên-angêne nglangut midêr ing rat / mungsêt mêmêt panggagase / linulur dèn lur-ulur / angulati srananing urip / nggalur tanpa wêkasan / mbrubul ndulur sêlur / linantur kongsi lêr-lêran / mak thêl pêdhot gragapan ngantuk ambijig / sirah ambêntus cagak //

bali maning dènnya mardi budi / mbudidaya dayaning wardaya / dèn upaya jro driyane / linuru jroning kalbu / amangudi wêninging budi / ngulir kuncining nalar / mrih kabukèng kalbu / kang anjog marang kamulyan / kamulyaning manungsa tinitah urip / ywa pijêr nandhang kurang //

mêndêng mêlêng dènnya musus budi / kongsi mumêt èmêt mot-êmotan / kabanjur ngêlu dadine / mêksa durung pikantuk / wênganing tyas kinarya margi / dêdalaning kamulyan / mèt kadonyan agung / têmahan nulya nalangsa / wus rumangsa yèn gawat ruwêt kapati / ngupaya marga mulya //

La illaha ya la illullahi / angèl têmên wong nèng ngalam donya / ngupaya enak uripe / ywa tansah krepo muput / angêrèkès kadya wak mami / kadung sanguning sêdya / klêbu kojur muput / asor samining manungsa / o ya talah kang sipat rachman lan rachim / amba nyuwun tarbuka //
saking pundi margining kamuktin / mulya anèng jaman karamean / kang tumrap mring kawulane / yèn sun gagas tartamtu / kamulyaning ngaurip iki / tan liya mung sing arta / klawan brana agung / kalamun wong sugih arta / êmas picis dadya musthikaning bumi / katêkan kang sinêdya //
sinuyudan sakathahing janmi / ing sakarsa ngene ngono dadya / sapolahe luwês kabèh / sapa kang ndulu kenyut / ah samono dayaning picis / prasasat dadi raja / kèringan pinunjul / sagunême gung ginêga / pasthi sênêng uripe nèng donya nênggih / winongwong ing jawata //
kadiparan awak ingsun iki / dêdalane ngupaya wang kathah / ewuh têmên saranane / ngana-ngene wus buntu / ngono pêpêt makatên sêmpit / paran takdiring Allah / krepo sajêgipun / wis bosên têmên wak ingwang / wit saprana-saprene tansah prihatin / mbêkokrok anèng donya //
nanging ingsun lamun angèlingi / pituture uwong tuwa-tuwa / Allah tangala kang darbe / sipat rachman rochimu / sipat murah kalawan asih / kang têmên tinêmênan / yèn tuhu tinêmu / yèn ngong eling kang mangkana / kaya-kaya ngaurip tan kurang margi / yèn arsa antuk marga //
pan mangkono ujaring pra wasis / lakunira bêgjaning manungsa / lir pindha jantra ubênge / yèn lagya tumbukipun / nadyan nggayuh-nggayuh ya tuni / njangkah cupêt tan panggah / nubruk-nubruk luput / nanging yèn wus têkèng mangsa / tarbukaning Pangeran wus andhatêngi / pasthi gampang kewala //
lawan ana bêbasane ugi / yèn arsa antuk ingkang nugraha / mundhuk-mundhuk mara dhewe / nguk-thênguk nêmu gênuk / klinting-klinting anyandhung umpling / ra-ura antuk brana / mangkono wong idhup / yèn wus binuka Pangeran / lan wong urip tan masthi sajêge sakit / manut ubênging jantra //
yèn mêngkono sun narima dhingin / anyênyuwun tunggu gaibing Hyang / mêngko yèn têka mangsane / tibaning bêgjaningsun / rak mak griwil têka pribadi / êmas picis kampilan / padha ngluru ingsun / mangkana paribasannya / dilalahe mak glêthêk mênang lotêrij / he e tobil kèlingan //
dhi Bêtawi kan adha lotêrij / guna bêrdhirikên sêkolahan / yalah madrasah H.I.S. / tariknya tanggal satu / bulan April dhi muka ini / pêr lot dhwablas sêtêngah / pris yang nomêr satu / dhapêt sratus ribu rupyah / wadhuh-wadhuh dene aku êmèh lali / iki rak dalan mulya //
nora ketang utang sun labuhi / kanggo tuku lot mangka lantaran / awit yèn tumbuk bêgjane / dhuwit mung slawe suku / bisa nggèndèng dhuwit sakêthi / sida mukti wak ingwang / sanalika brèwu / ngumbruk-umbruk kêcèh uwang / uwong miskin sanalika dadi sugih / wolak-waliking jaman //
dhuwit rolas gelo limang kêthip / yèn kanggoa jajan mring lêsmenan / rong sore bae wis êntèk / nadyan mlênthu mring wadhuk / sajam bae wus kimpès maning / wus musna dadya sampah / nir pangayun-ayun / balik banjur sun tukokna / êlot lotre yèn antuk kang nomêr siji / sapuluh lêksa rupyah //
nora guyon satus èwu rispis / yèn wujuda rupiyah sadaya / manawa saomah lubèr / mbok ya nggo tuku sêpur / rak ya entuk lah wong sakêthi / lokomotipe pisan / dakkira ya entuk / yèn wus klakon bisa mênang / kayaparan saiba sênênging ati / ngungkurkên kasusahan //
Ing nginggil punika pêthikan saking Sêrat SÊDYA LÊNGKARA, nyariyosakên rantamanipun tiyang kêpengin manggih kamulyan sarana tumbas lot. Lucu, anêngsêmakên. Kenging kangge nglipur manah ingkang pinuju bunêg. Mangga kanyatakna.
Rêginipun namung f 0.10
Wêdalan - BALE PUSTAKA - Batavia - Centrum 1 [0] 7
Ôngka 66, Rê Pa, 21 Jumadilawal Jimakir 1866, 21 Agustus 1935, Taun X Bold Center
Kajawèn H2B
[Iklan] 1 [0] 7
Kyai Sela Êning Bold
Ing sarisakipun karaton Kêdhiri jalaran dipun kraman dening Kèn Angrok, wontên satunggiling wayahipun panjênêngan nata ingkang miruda saking praja ka[...] Naskah rusak
garwa lan kulawarga, tindakipun ngilèn saengga dumugi ing pasisir sagantên Kidul. Saking cariyosipun tiyang sêpuh, sang satriya wau asma Sang Yasi (Radyasi). Sarêng panggalih sampun lêrêm, lajêng kagungan sêdya badhe dêdalêm wontên ing ngriku, sami narimah kadosdene caraning tiyang padhusunan. Lajêng ngupados papan, ingkang kamanah ragi prayogi inggih punika sakilènipun rêdi Sêntana, papanipun ragi wiyar, kintên-kintên 5 bau, kenging kangge padhukuhan. False
Panjênênganipun wontên ing ngriku ngantos aputra wayah, nanging inggih namung gêsang sacaraning tiyang dhusun kala jaman samantên. Inggih panjênênganipun punika ingkang nurunakên kyai Sela-êning.
Sasampunipun kiyai Sela-êning ngajal, sêsêpuhing dhusun Mancingan dipun gêntosi anakipun èstri nama Nyai Gêdoyang.
Nyai Gêdoyang punika emah-emah angsal tiyang pundi botên katêrangakên, ananging gadhah anak satunggal jalêr nama Kyai Rêti. Nalika alitipun kapurih kesah saking dhusun Mancingan, dhatêng ing nagari Panaraga prêlu ngaji kitab Kur'an, utawi ngaji sadaya kawruh lan ngèlmu ingkang gêgayutan kalihan agami Islam, dipun êtêrakên rencang jalêr satunggal minangka pamomongipun. Rencang wau nama sintên inggih botên kasumêrêpan.
Sarêng sampun sawatawis taun laminipun, sarta sampun cêkap punapa ingkang dados prêlunipun utawi mangrêtos ingkang dados sêdyaning manah Kyai Rêti lajêng mantuk dhatêng dhusun Mancingan.
Ing diwasanipun Kyai Rêti lajêng têtruka wontên ing wana nama Jati, lêrês salèr rêdi Banthèng, saking Mancingan watawis satunggal pal.
Anggènipun têtruka Kyai Rêti wau enggal dados kathah kulawarganipun ingkang sami tumut, akiripun Kyai Rêti santun nama kyai Arisbaya, ing padhukuhan Jati.
Kyai Arisbaya punika satunggaling tiyang ingkang tansah ngudi bêninging kawruh lan ngèlmu, kêncêng ngibadahipun. Dhêdhasaripun agami Islam, nanging kabudanipun inggih taksih wontên. Bab kapandhitanipun inggih dipun lampahi, pramila piyambakipun inggih agêng karamatipun, malah kabatosanipun ngungkuli Sèh Belabelu. Ing sapêngkêripun Sèh Maulana, Kyai Arisbaya ingkang minangka gêgêntosipun, asring kemawon dipun dhatêngi tiyang saking manca dhusun prêlu nyuwun brêkah, ngantos misuwur saking mancapraja.
Sarêng Kyai Arisbaya ajal, kakubur wontên ing sacêlaking griyanipun, lêrês sawetanipun, ing kuburan wau lajêng katêlah nama pasareyan Jati, saengga sapriki; namanipun ingkang lugu botên nate kocap.
Makam wau inggih kacungkup lan kaaji-aji, mawi dipun nyadrani kangge pasujarahan. Cêkakipun sami kalihan ing pasareyan rêdi Banthèng lan rêdi Sêntana, nyadranipun inggih sarêng sadintên, kêndhurènipun malah rumiyin piyambak.
Inggih mawi juru kunci, nanging namung damêlanipun tiyang dhusun, inggih punika kamisêpuh ing dhusun Grogol.
Nalika taksih gêsangipun, Kyai Arisbaya punika gadhah kasênêngan, inggih punika ambêbêdhag ngupados buron wana, nanging dipun angkah kacêpêng gêsang, akiripun kaingah kalêbêtakên ing pagrogolan. Grogol wau kadamêl saking kajêng jati dhologan (upaminipun kandhang nanging wontên salêbêting wana, sarta wiyar). Manawi kapetang ragadipun inggih kathah, kala-kala buron wana wau inggih kaunjukakên dhatêng panjênêngan Nata ing Mataram.
Saking wontênipun grogol buron wana, utawi icaling nama padhukuhan Jati, lajêng katêlah nama dhusun Grogol dumugi sapunika. Dados Kyai Arisbaya wau inggih ingkang ambêbukani dhusun Grogol utawi inggih anurunakên têtiyang ing dhusun Grogol.
Semahipun Kyai Arisbaya asli saking pundi botên sumêrêp, wongsal-wangsul ingkang kacariyosakên namung ingkang baku kemawon.
Sarêng Nyai Gêdoyang sampun ajal, ing dhusun Mancingan namung dipun ênggèni dening kulawarganipun kemawon, sarta masjid sarêng risak inggih botên kaupakara, nanging lajêng damêl enggal wontên ing dhusun Grogol, ugi ngantos dumugi sapunika.
Pêthikan saking sêrat: Pasanggrahan Parangtritis, serie no. 1132.
Sintên ingkang kêpingin moncèr panggalihipun, kula aturi maos buku punika. Rêgi f 0.50.
Wêdalan Bale Pustaka - Batavia-C. 1 [1037] 10
Ôngka 66, Rê Pa, 21 Jumadilawal Jimakir 1866, 21 Agustus 1935, Taun X Center
Kajawèn Bold Center
Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu. Center
Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1,50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.
Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.
Isinipun: Pasabinan - Santun-sumantuning Dhawuh - Karamean Kolonisasi Gêdhong Tatakan Umur 30 Taun - Jiwa Lare - Kawontênan ing Gunungkidul - Pasulayanipun Itali kalihan Ngabêsi - Ngêncêngi Awisan Ngabotohan - Kabar Warni-warni - Wêwaosan.
Pasabinan ITALIC
[Grafik]
Sawangan tanêman pantun ing pasabinan tanah parêdèn. 1 1038 8
Kawruh Sawatawis Bold
Santun-sumantuning dhawuh pranatan nagari tumrap karaton dalêm Surakarta Adiningrat ing Taun 1889-1916.
Sambêtipun Kajawèn nomêr 62.
XVI. Bab komisèn abdi dalêm ajal.
Ing taun 1890, nagari andhawuhakên pranatan umum, samôngsa wontên abdi dalêm ajal, sadhengah pangkat kalênggahanipun nagari lajêng nindakakên lampah komisèn, ingkang kapatah komisi wau parentah pangagênging kabupatèn ingkang gadhah reh-rehan. Sadaya barang têtilaranipun mayit kasiwêr dening komisi, sarta sasampuning kasiwêr jangkêp nuntên kawara-warakakên ing sêrat kabar tuwin sêrat sêbaran waradin, sadhengaha tiyang ingkang ngakên nganggèkakên utawi nyambutakên arta utawi barang sasaminipun dhatêng ingkang ajal, panggugatipun kêdah dhatêng pangagênging komisi, sadèrèngipun satus dintên saking ajalipun, manawi anggèning gadhah atur gugat sampun langkah satus dintên katolak. Dene barang-barang tilaran wau, sasampunipun langkah saking wêwangên satus dintên, lajêng kasade lelang dening komisi tumrap umum utawi kabage radin dhatêng para waris. Namung gêgadhuhanipun lênggah siti dhusun dalah bêbêkêlipun kaaturakên kondur ing nagari ugi lumados saking pangagêng ingkang gadhah kuwajiban komisi.
XVII. Bab baita tambangan.
Nunggil taun 1891 nagari andhawuhakên pranatan bab bayaraning baita tambangan, wêkdal anyabrangakên tiyang langkung punapadene têtumpakan sapanunggilanipun sabên dintên ing wanci siyang utawi dalu, tumrap sabrangan ing bênawi Bacêm, Maja, Ngêpung, Bêton saurutipun kathah kêdhiking bayaran punapadene wanci lampah tuwin kèndêling baita padintênan katata kalihan ajêg têmtu, botên kalilan tukang nglampahakên baita wau tawi paktêr tambangan anêdhani bayaran sakajêngipun piyambak kados suwau-waunipun, ingkang nêrak sami ginantungan pidana. Wiwit rikala samantên lampahing pambayaran ugi tumindaking wanci lampah kèndêling tambangan lajêng dados sae botên nate wontên ngudur utawi pasulayan malih ingatasipun bayaran utawi lampahing baita. Makatên ugi sabên sataun utawi tigang taun sapisan paktêr tambangan baita wau kêdah sami santun utawi lajêng sarana kalelangakên tumraping tiyang kathah.
XVIII. Bab bôndha lumaksa.
Ing taun 1901 èngêt-èngêtan nagari angadani sawênèhing pitulungan dhatêng abdi dalêm sadhengaha pangkat kalênggahanipun sarana nyambuti arta, kanamakakên pakêmpalan: Bôndha lumaksa, satunggal-tunggaling ingkang nyambut kêdah wêwicalan satus rupiyah minggah, sarêmanipun kalêbêt ènthèng yèn katimbang kalihan nyambut dhatêng sanès-sanèsipun, pambayaripun nicil saking balônja 1 1039 4
utawi pamêdaling siti sabinipun nanging kêdah mawi tanggêlan griya utawi barang, makatên malih kaidènan nagari. Bôngsa luhur putra santana dalêm dumugi para abdi dalêm kalilan bêbathon andhèrèk andhil ing pakêmpalan bôndha lumaksa wau. Sakawit kantoripun nindakakên padamêlan bôndha lumaksa wau dados satunggal wontên griya Sus abipraya kasêbut ngajêng, saya lami padamêlan sangsaya wêwah agêng, lajêng pindhah iyasa gêdhong piyambak manggèn wontên kampung Kêdhunglumbu pinggir radinan agêng sawetan pagêlaran cakêt lêstantun dumugi sapriki. False
XIX. Bab museum
Amarêngi taun 1902, nagari wiwit angadani museum inggih punika gêdhong kadamêl ngrimat pakalêmpakaning barang-barang kina ingkang sapunika sampun botên kêlimrah kaangge malih. Undhang pranatanipun sadhengah bôngsa luhur, para abdi dalêm dumugi kawula dalêm, yên wontên ingkang sumêdya misungsung barang-barang kina dhatêng nagari supados kasimpên ing gêdong museum: kaparêngakên badhe katampi kalihan sukarêna, makatên malih ingkang sami misungsung wau badhe kaparingan sêrat tôndha panarimah. Dene manggènipun ing loji kêbonraja Sriwêdari kasêbut nginggil. Pramila wêkdal samantên dumugi sataun laminipun saking dintên adêging museum kathah para bôngsa luhur, para abdi dalêm dumugi kawula dalêm ingkang sami misungsung barang-barang kina warni-warni. Ngalêmpakipun wontên gêdhong museum dados kathah cacahipun kathah warni-warninipun dipun angge têtingalan tumraping ngakathah lêstantun dumugi sapriki.
[Grafik]
Gêdhong bôndha lumaksa punapadene punggawanipun.
Inggih wiwit kala samantên karajan kajawèn angwontêni ada-ada gêdhong museum kadosdene tata ngadating karajan Eropah. Pawingkingipun karaton Ngayogyakarta ugi lajêng angwontênakên gêdhong museum kadosdene ing Surakarta lêstantun sapriki. Badhe kasambêtan.
P.K. 585. 1 1040 4
Karamean Kolonisasi Gêdhong Tatakan Umur 30 Taun Bold
Sok tiyanga mêsthi sampun nate mirêng têmbung kolonisasi Gêdhongtatakan. Ananging sagêd ugi wontên ingkang dèrèng mangrêtos kadospundi dayanipun utawi sapintên aosipun mênggahing gêsang sasrawungan ing tanah Lampung. Jalaran ingkang makatên bokmanawi prayogi saupami nyariyosakên kawontênanipun kolonisasi kanthi babadipun sakêdhik.
[Grafik]
Margi agêng ing kolonisasi Gêdhongtatakan.
Kolonisasi Gêdhongtatakan punika bikakipun kala ing taun 1905, dados dumuginipun sapunika taun 1935 sampun jangkêp umur 30 taun. Ing sakawit têtiyang ingkang dipun dhatêngakên namung saking Bagêlèn, dene nama-namaning dhusun kados ta: Purwarêja, Kuthaarja, Karanganyar, lan sanès-sanèsipun malih. Sarêng ing taun 1919 gupêrmèn andhatêngakên malih tiyang-tiyang saking bawah Ngayogyakarta, Surakarta lan salajêngipun, pramila ing ngrika lajêng wontên dhusun: Mataram, Tulungagung, Blitar lan sanès-sanèsipun malih. Ing sapunika têtiyang ing kolonisasi ngriku sampun amêpêki, inggih punika têtiyang asli saking dhusun-dhusun kasêbut ing nginggil, mèh waradin satanah Jawi Têngah ugi wontên.
Wiwit kala taun 1931 kolonisasi Gêdhongtatakan wau kadadosakên kaondêran inggih punika ondêr dhistrik: Gadhingrêja, ingkang mangagêngi asistèn wadana. Ondêr dhistrik wau wontên 25 kalurahan lan 75 malih padhukuhan ingkang dipun kapalani dening kamituwa. Dene cacah jiwanipun sampun wontên 45000. Dados sampun sagêd ngintên-intên mênggahing wiyaripun punapadene rêjanipun ing kolonisasi ngriku utawi malih sapintên awrating paprentahanipun.
Paresidhenan Lampung punika jiwanipun wontên 330 èwu, cacah samantên punika têtiyangipun Jawi wontên 110 èwu. Kajawi têtiyang wau sami manggèn wontên ing ondêr dhistrik Gadhingrèja kasêbut nginggil, wontên malih ingkang manggèn ing kolonisasi sanèsipun kados ta: Wanasaba, Sribasuki, Sukadana, Trimurja, Marga tuwin sanès-sanèsupun malih.
Panggêsanganipun têtiyang ing kolonisasi wau ingkang kathah-kathah sami têtanèn, ingkang among dagang 1 1041 6
namung sawatawis, nanging ing ngriku kawontênaning toko-toko kathah. Têtumpakan oto utawi taksi ugi wontên. Marginipun agêng sampun kathah, wontên ingkang panjangipun kirang langkung 130 km, anjalari pambêktaning barang-barang dagangan langkung gampil. False
Pêkênipun wontên 4 panggenan, punika mracihnani kaarjanipun ing kolonisasi wau. Wontên ingkang nukang, lan ingkang ngêdêgakên kabudidayan alit-alitan ugi sampun wiwit wontên. Pasabinanipun ingkang katanêman pantun kawastanan wiyar, amila ing kolonisasi wau lajêng wontên pabrikipun panggilingan pantun gadhahanipun bôngsa Tionghwa, malah sapunika sampun wontên 2 panggenan, ing satunggal-satunggalipun sagêd anggiling pantun ing sadintênipun 110 dhacin. Dene pabrik wau ing sabibaripun panèn taksih sagêd giling ngantos 3 wulan saha sagêd kasumêrêpan wos wêdalan ing kolonisasi ngriku pintên pikul kemawon ing sabên taunipun ingkang kasade dhatêng sanès panggenan.
Bilih tiyang enggalan dhatêng ing kolonisasi wau, têmtu botên rumaos kadosdene wontên ing tanah sabrang, punapamalih yèn sampun sêsrawungan kalihan têtiyangipun. Tatacara gêgriya, dalah sandhang pangangge punapadene padatanipun botên beda kados wontên ing tanah Jawi. Dene andharanipun ingkang langkung cêtha malih mangke badhe katêrangakên ing wingking.
[Grafik]
Pabrik panggilingan pantun ing Pringsèwu ing tanah kolonisasi.
Ing nginggil sampun katêrangakên bilih umuripun kolonisasi sampun jangkêp 30 taun. Gêgayutan kalihan bab wau ing Ondêr dhistrik Gadhingrêja sapunika lajêng wontên komite pahargyan kolonisasi wau, dene para warganipun: pangayoman: Tuwan Residhèn ing Lampung, H.R. Rookmakêr. Pangarsa mulya: Tuwan Kontrolir Têlukbêtung, E. Croes. Pangarsa: Asistèn Wadana Gadhingrêja, R. Sudarta. Dene panitra punapadene warga-rumêksanipun para priyantun punapadene para partikêlir sanès-sanèsipun ing kolonisasi ngriku. Kajawi saking punika dipun wontêni warga mulya, ingkang madêg saking para tuwan-tuwan kabudidayan, maskape-maskape, pirmah-pirmah ingkang gêgandhengan kalihan kawontênanipun kolonisasi wau.
Mênggah sêdyanipun komite wau badhe ngêdêgakên pêkên dalu wontên ing alun-alun Gadhingrêja, minôngka kangge pangèngêt-èngêt punapadene wilujêngan, sarta kangge nelakakên bingahing manah tuwin panuwun dhatêng nagari, anggènipun sampun paring pitulungan dhatêng sadaya têtiyang ingkang kêmlaratan. Badhe kasambêtan.
Komite pahargyan kolonisasi ing Gêdhongtatakan. 1 1042 15
Jiwa Lare tuwin Pamardi Bold
Karanganipun Suwarja.
Kapala guru pawiyatan Budi Utama, Mistêr Kornèlis.
Sambêtipun Kajawèn nomêr 57
V. Thukuling jiwanipun lare.
Botên beda kalihan kawontênan sanès-sanèsipun ing salêbêtipun alam punika, jiwanipun lare punika thukulipun ngantos dados diwasa inggih miturut tatanan. tataran.
Adhêdhasar panaliti ingkang lêbêt, para ahli jiwa sarta ahli pamarsudi sami sagêd anêtêpakên bilih thukuling jiwanipun lare punika wontên 3 tataran, inggih punika:
a. môngsa lare.
Môngsa lare punika môngsa wiwit lair ngantos dumugi umur-umuran 7 taun. Alam masrahakên pun lare dhatêng tiyang sêpuh. Tiyang sêpuh nampèni kanthi kuwajiban nyuburakên gêsangipun lare.
Lare kêdah dipun sukani toya sêsêpan, kêdah dipun jagi rêsiking badanipun, kêdah dipun purih tilêmipun ingkang kathah, supados badanipun sagêd subur.
Pôncadriyaning lare wiwit mênga. Sakathahing gêtêr, samukawis kadadosan sarta kawontênan saking jawi angebahakên pôncadriya wau, sarta ngèngingi jiwanipun. Gêtêr-gêtêr wau sarèhning kêrêp dipun ambali, lajêng ngawontênakên pêpêthan ingkang têtêp wontên ing jiwaning lare, anjalari saking sakêdhik pun lare sagêd bedak-bedakakên.
Dangu-dangu sagêd angyêktosi êmbok bapakipun, wiwit ngrêtos dipun undang sarta wiwit plengah-plèngèh manawi sumêrêp êmbokipun.
Badanipun mindhak kiyat, sagêd ambrangkang, nuntên ngadêg sarta salajêngipun sagêd lumampah. Makatên ugi wicantênanipun saya cêtha, polahipun kathah, botên purun kèndêl.
Ngantos dumugi kintên-kintên umur 3½ taun pôncadriyanipun sampun mênga sadaya, sapunika kantun nyampurnakakên. Grêgêting jiwanipun ugi sampun wêwah, nanging dèrèng têrang lan nyata, sadaya-sadaya taksih katingal ngêmpal dados satunggal, dèrèng ijèn-ijèn. Kados ingkang sampun kacariyosakên ing ngajêng, lare punika kêdah tansah angsal sêsawangan, pamirêngan tuwin sapanungginalipun ingkang sarwa sae, murih sae dayanipun dhatêng jiwanipun botên beda kalihan têtêdhan ingkang murakabi, inggih anjalari suburing badan, wangsul têtêdhan ingkang awon badhe adamêl sakiting badan.
Ing salêbêtipun môngsa lare kasagêdanipun lare ingkang ôngka satunggal sawêg niru. Sarèhning sadaya têtingalan utawi pêpirêngan sarwa enggal tumrap piyambakipun, mila inggih badhe dipun tiru.
Yèn biyungipun angguyu, larenipun inggih tumut angguyu, bapakipun kêplok-kêplok pun lare inggih tumut kêplok, kakangipun gela-gelo, pun lare inggih dhêglag-dhêglèg. Makatên ugi manawi biyungipun mastani nama-namaning pêksi, 1 1043 6
têtuwuhan, kônca-kônca lan sapanunggilanipun, pun lare ugi mêsthi lajêng nirokakên. Kasagêdanipun lare sabên mênit tansah wêwah. Sarèhning lare punika sipatipun nirokakên, mila prêlu sangêt dipun sukani conto ingkang sae. False
Inggih wiwit titimôngsa wau kodrating jiwanipun wiwit têtêp wangunipun. Pikajênganipun saya wêwah kathah. Manawi dipun ewahi lajêng nangis.
Samukawis ingkang dipun raosakên eca, sênêng, tansah dipun têdha, sarta manawi botên dipun pituruti, lajêng tuwuh nêpsunipun utawi tangisipun dipun angge dêdamêl supados kajêngipun dipun pituruti.
Ing ngriku tiyang sêpuh wajib ngatos-atos sampun nuruti sadaya pikajênganipun lare, utawi angênjong-ênjong. Punika ing têmbe badhe adamêl ribêding tiyang sêpuh, sarta pun lare piyambak inggih botên badhe sinau nahan nêpsunipun wusana tansah kaêrèh dening nêpsu.
Ing titimôngsa wau lare wiwit kêmpal kalihan kônca-kancanipun. Ing salêbêting kêkêmpalan wau kêdah dipun jagi supados botên utawi kenging ing daya awon. Kêkêmpalan ingkang sae andayani sae dhatêng larenipun.
Kêkêmpalan ingkang kula wastani sae punika sanès kêkêmpalaning lare ingkang andintên-dintên tansah abên ulat sae kemawon. Kadhangkala lare-lare wau inggih mêmêngsahan, malah sok dados kêrêngan barang. Punika botên prêlu dipun kuwatosakên saugêr botên anglangkungi watês. Ing salêbêting mêmêngsahan utawi tukaran wau pun lare malah lajêng wiwit ngrumaosi, bilih botên namung piyambakipun kemawon ingkang gadhah kêkajêngan, sanajan lare sanès ugi gadhah. Pangalaman kados makatên wau, yèn angsal tuntunan ingkang sae, badhe nuwuhakên tindak enggal, inggih punika tangkêp aji-ingajenan.
Lare prayogi dipun sêkajêng anggènipun dolanan utawi kathah polahipun. Samukawis ingkang dipun cakakên punika sasagêd-sagêd dipun samèkakên kalihan dolanan. Dipun purih anêmbang lagu lare ingkang mawi tatanan, saya prayogi malih upami mawi têtabuhan ingkang gampil dipun ungêlakên. Dipun sumêrêpna dhatêng barang ingkang adi, dipun ginaua ambedakakên kasar lan alus, cêkakipun pôncadriyanipun dipun gigaha, supados jiwanipun gêsang tuwin sumêrêp ing pêpadhang.
Lare umur nêm taun adatipun dipun lêbêtakên sêkolah. Lare ingkang dèrèng ngumur punika botên prayogi manawi dipun lêbêtakên ing klas satunggal, langkung prayogi wontên ing purklas.
Ing wêkdal sêkolah, pikiranipun lare dèrèng tangi saèstu, taksih gêsang wontên ing alam angên-angên, inggih punika alam pangentha-entha. Rêmênipun barang ingkang anèh-anèh. Manawi dolanan jaranan mawi papah pisang kemawon pangraosipun sampun kados mawi kapal saèstu. Manawi dolanan sêpur-sêpuran trimah mawi kothakan rèk dipun gandhèng-gandhèng urut-urutan nuntên dipun surung majêng utawi mundur kalihan sêmprat-sêmprit bêngak-bêngok utawi nyêmbur-nyêmbur. Badhe kasambêtan. 1 1044 11
Ngêncêngi Awisan Ngabotohan Bold
Ing bab ngabotohan (kasukan) punika pinanggihipun nagari ing pundi kemawon wontên, nanging sajatosipun ingkang dipun wastani ngabotohan wau warni-warni, wontên ingkang kasukan sarana dhêdhasar kawruh, wontên kasukan ingkang tumindakipun sarana ngabên bêgja, tuwin mawi tiyang ingkang dipun wastani bandar. Inggih ngabotohan abên bêgja tuwin mawi bandar wau ingkang limrahipun dados awisaning nagari.
[Grafik]
Nanging manawi dipun timbang malih, salugunipun inggih kasukan punapa kemawon, pundi ingkang nama mawi toh, punika tamtu adamêl karisakan, botêna risak bandhanipun, inggih risak pikiranipun. Saya langkung cêtha malih ingkang damêl karisakan, punika tumrap ngabotohan ingkang sarana sêsiliban, ing ngriku katingal dhumawahing kalêpatanipun rangkêp-rangkêp. Nanging tindak kados makatên punika pinanggihipun malah kados limrah, môngka sampun cêtha dados awisaning nagari.
Ingkang kacêtha ing gambar, punika satunggiling papan ngabotohan ing Stouthend, Inggris, ingkang dipun risak dening pulisi, amargi ing nagari ngriku ngawontênakên awisan kêncêng ing bab ngabotohan.
Ing tanah ngriki kados dèrèng wontên tindak ingkang kados makatên, namung bab gropyokan, kêrêp pinanggih.
Nglêrêsakên Kalêpatan ITALIC
Kajawèn nomêr 65 kapêngkêr, ing bagean sêratan latin, Pêthikan Saking Sêrat-Sêrat Kabar Sanès, ing kaca 1034 sisih kiwa, tigang bab saking ngandhap, larikan nginggil piyambak ingkang mungêl: Pamelikan mas salaka. Awit saking palilahipun Pakaryan Pa punika lêpat. Lêrêsipun: Pamulangan Luhur Pangadilan. Lulus candidaatsexamen pe salajêngipun. Mugi kauninganna ing para maos. 1 1045 5
Tanah dalah Têtiyangipun Bold
Kawontênan ing Gunungkidul
Sambêtipun Kajawèn nomêr 64.
[Asmaradana]
rajabrana êmas picis / tinggalên bae prayoga / bôndha iku marakake / gampang mêtêngi laksita / cêpak ing sambekala / wau nyai manthuk-manthuk / nanging batine andaga //
malah gêlêm tindak silib / rajabrana winadhahan / sinamun ing pambêkane / nora nana kang anyana / yèn nyai anggêgawa / anèng jroning têkên wuluh / kocap lampahe nèng marga //
runtung-runtung turut margi / wau kyagêng sakalihan / dupi lampahe wus praptèng / têngahe sawiji desa / kininthil ing tyang tiga / nêdya begal wus sarujuk / wau kyagêng nora samar //
nulya angandika aris / sira kabèh salah tiga / katêlah nganti saprene / karan kutha Salatiga / kyai lan nyai Pandhan / têrus gyannya andon laku / kocapa kyagêng lampahnya //
rada adoh andhisiki / wit nyai sajak kabotan / gumèndhêl gawa têkêne / mula lakune arandhat / turut dalan sêsambat / baya lali kyai iku / tega têmên ninggal garwa //
banjur karan Bayalali / saprene araning kutha / kyagêng ngêntèni lakune / samangke wus bêbarêngan / dupi tumêkèng desa / wong gendhong bêras kapêthuk / tinanya dening Ki Pandhan //
sira gendhong apa nini / kang tinanya sru trataban / wit dikira begal bae / banjur amangsuli dora / wêdhi gendhongan kula / kyagêng angandika arum / yèn ngono wêdhi gadhungan //
bêras nuli malih wêdhi / saprene banjur katêlah / ing desa Wêdhi arane / saprene ing kono nyata / murah wêdhi têmênan / lan desa Gadhungan iku / ya nyata ana têmênan //
kyagêng laju lampahnèki / lawan nyai bêbarêngan / tan lali nyangking têkêne / lakune tansah sujana / lan pasang kaprayitnan / dilalah banjur kêpêthuk / 1 1046 1
wong sajuga Sambangdalan // False
arsa begal marang nyai / tut wuri sadalan-dalan / wau kyagêng ngandikane / sira arêp jaluk apa / duwèkku amung jiwa / saprene katêlah dhusun / kono karan desa Jiwa //
nanging Sambang têrus kinthil / tansah ngulatke Nyi Pandhan / mung angon lamun kalimpe / Kyagêng Pandhan nulya nyapa / kêbangêtên ta sira / têka dhrudhus kaya wêdhus / sakala Sambang karuna //
wus sirna sipating jalmi / awak uwong sirah menda / turut dalan pijêr mbak-bèk / wau Kyagêng Pandhanarang / tan pêgat amêmulang / tur wus amumpuni ngèlmu / tan gajêg marang surasa //
tarlèn ngèlmu kang sajati / mring adêging kamanungsan / Sambang kapranan atine / wau wuruke Ki Pandhan / tan ana kang kliwatan / mantêp dènnya nganggêp guru / nulya pinarab Sèh Domba //
cinêkak rêngganing tulis / lakune dènnya pruita / duk Sèh Domba praptèng layon / sumare anèng Cakaran / waktu mêntas pinêtak / Sèh Domba wus malbèng kubur / loap-loap anyuwara //
laillaha ilullahi / anglêre nora kêjamak / wong mati ngene penake / ngrêtia yèn penak tênan / wis mati biyèn mula / adhuh biyung enak-enuk / yèn uripa aku gêmang //
kocapa Suhunan Kali / myarsa sêsambate Domba / sigra dhinupak kubure / lan angling: wis cêp mênênga / lêmah mlètrèk sakala / saprene Cakaran iku / gununge mlèrèt katara //
saprene kèh kang nênêpi / mring kuburane Sèh Domba / srana ngrogoh bolongane / apa bae kang pinanggya / wus kêna kanggo tôndha / bab katêmênane amung / nèng landhêping panggraita // Badhe kasambêtan.
K. 5587.
Pasulayanipun Itali kalihan Ngabêsi Bold
Ing sasampunipun tumindak sawatawis dintên, tatanan ing bab adêging juru pamisah pasulayanipun Itali kalihan Ngabêsi katingal saya prayogi, namung kantun ngêntosi kadospundi badhe tumindakipun kemawon.
Nanging tumrap raos ingkang kajêng pamurina, punika tuwuhipun wontên Ngabêsi katingal sampun sumarambah sangêt, katitik saking wontênipun bôngsa Ngabêsi neneman sami ngawontênakên arak-arakan, ingkang akajêng ngatingalakên sumanggêm tinêmpuhakên ing damêl, malah wontên golonganing sawung sêpuh ingkang kala ing taun 1896 ngawaki pêrang ing Adoea cacah 500 ingkang ugi badhe ngatingalakên damêlipun. Wontên malih golongan sêsêpuhing kabangsan ing Ngabêsi sisih kilèn dhatêng kanthi ambêkta wadyabala 15.000 masrahakên bêbaunipun dhatêng Nata Ngabêsi. Sadaya wau dados gêgambaran purunipun bôngsa Ngabêsi dhatêng paprangan.
Ing bab punika pinanggihipun wontên ing Ngabêsi kadosdene dados panggugah. Ing pundi-pundi ngawontênakên rêmbag ingkang nêdya nunggilakên kêkiyatan, malah Nata Ngabêsi mêntas anjumênêngi parêpatan ingkang kadamêl wados.
Dene tumrapipun Itali, katingalipun taksih 1 1047 2
adrêng anggènipun ngajêngakên pêpêrangan, katitik saking wontênipun wadya kêmeja cêmêng sami dipun dhawuhi sikêp sanjata. Nanging anggènipun sadhiya makatên punika inggih amêngku kajêng botên tilar kaprayitnan, awit sadèrèngipun wontên karampungan ingkang têtêp, dèrèng sagêd ngawontênakên panganggêp botên wontên punapa-punapa. False
Manawi angèngêti raos kabangsanipun bôngsa Ngabêsi kados ingkang sami kapratelakakên ing nginggil, punika inggih sampun layak kemawon saupami sagêd anggêgèndèng dhatêng laladan sanès, awit sarêng wontên pawartos pasulayan wau, sanadyan bôngsa ingkang dêdunung ing laladan têbih ugi sami tumut ngraosakên tuwin gadhah pamurina, kados ta bôngsa cêmêng ing bawah Inggris, sarêng mirêng Ngabêsi pasulayan kalihan Itali, lajêng sami suka lila badhe malêbêt dados prajurit. Ingkang makatên wau tumrapipun Inggris lajêng araos kirang sakeca, mila lajêng saya ngudi murih tumuntêna sagêd rukun.
Nanging sarèhning rêmbag punika taksih nama dados rancangan, praja kêkalih ingkang pasulayan punika tansah ajêg anggènipun pasang kaprayitnan, ing watês-watês dipun wontênakên pajagèn ingkang sakalangkung santosa. Nanging ing salajêngipun inggih wontên sêsulak saèstu cocog ing rêmbag.
Ing salajêngipun wontên pawartos, bilih Jêpan badhe nglêbêtakên dêdamêl tuwin obat mimis dhatêng Ngabêsi, tuwin parentah Ngabêsi sampun nandhani wontên ing prajanjian. Lêbêting dêdamêl mriku punika saèstunipun adamêl kamajênganing prajurit Ngabêsi sarwa gagrag enggal. Tuwin Jêpan ugi badhe kintun militèr babagan gêgayutanipun kalihan padagangan. Kajawi punika tumraping nagari sanès ingkang lajêng tumut gêgayutan kalihan Ngabêsi taksih wontên kemawon, kados ta jendral Turki Wehbi Pasya ingkang wontên ing Addis Abeba lajêng malêbêt dados panuntuning prajurit.
[Grafik]
Têtiyang Aprikah Têngah nuju jêjampi dhatêng dhoktêr.
Makatên ugi Swèdhên, pinanggih adamêl prajanjian kalihan Ngabêsi ing bab mêmitran tuwin bab gêgayutaning lampah dagang. Ingkang makatên punika Itali lajêng andakwa dhatêng Swèdhên, bilih patrapipun ingkang kados makatên punika atêgês ambêbaluhi Ngabêsi supados anglawan Itali. Nanging Swèdhên botên niyat badhe anggadhahi rekadaya 1 1048 8
ingkang lèrèg kados makatên. False
Ing bab lêlampahan pasulayanipun Itali kalihan Ngabêsi, punika manawi dipun tandhing bobotipun ingatasing prajurit, Ngabêsi kapara kawon, nanging inggih anggadhahi mênang tanggon. Kajawi punika Ngabêsi ugi gadhah nang-nangan sakêdhik, inggih punika ing bab kawontênanipun papan, awit Ngabêsi punika papanipun sakalangkung rumpil, tumraping bôngsa ngamônca badhe rêkaos ngambah ing ngriku, makatên malih hawanipun, botên anocogi sangêt tumrap bôngsa Eropah.
[Grafik]
Sang Mussolini nuju ambukani padamêlan anggêblègi gandum garing wontên patêgilaning têtiyang tani ing Itali
Malah wontên pawartos, bilih wontên kapal saking tanah Aprikah dhatêng Napels ambêkta saradhadhu sakit cacah 3000. Labuhing kapal wau wanci dalu, kadosdene lampah umpêtan. Wontên malih kuli atusan sami kraos sakit. Ing bab punika jendral pangagênging wadya Itali anêpsoni dhatêng têtiyang ingkang sami grunêngan, malah kaw

oran panguman-uman amastani bilih têtiyang ingkang sami sakit wau namung dêdamêlan kemawon.

Ingkang makatên punika lajêng nuwuhakên pangraos kirang antêping para wadya ingkang sami wontên ing jajahan, awit kêncênging paprentahan ngungkuli nalika wontên ing nagari.

Ing sapunika ingkang nama wigatos tumraping nagari ingkang pasulayan wau namung pinuju sagêdipun rukun, awit manawi kalajêng-lajêng, sêsulakipun namung sarwa botên sakeca. Dene tumraping nagari ingkang gêgayutan dados juru pamisah, ngudi murih kalampahanipun rukun.

Miturut pawartos, Nata Ngabêsi suka palilah dhatêng Itali ing bab anggèning badhe damêl margi sêpur ing antawisipun Erithrea tuwin Somaliland, kajawi punika ugi badhe nyukakakên pasitèn ingkang isi êmas. Nanging ing bab makatên punika tamtunipun inggih lajêng nuwuhakên raos pangraosing liyan, dèrèng tamtu sagêd srêg yêktos ingatasing ngudi katêntrêman umum.

Namung adrênging pamuji botên kêndhat, mugi sagêda rukun.

Pawartos saking Rêdhaksi

Lêngganan nomêr 766. Prakawis panjênêngan punika prayogi kasuwun lantaran sèp utawi kasuwunakên dhatêng sèp.

Lêngganan nomêr 3886. Priyantun umur 60 taun botên kawajibakên ambayar urunan kangge pènsiun rôndha punika manawi priyantun wau botên gadhah semah. Dene manawi gadhah semah, inggih taksih kawajibakên ambayar urunan.

--- 1049 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKI.

Pêjah anggantung wontên pakunjaran. Wontên lare ukuman èstri ing pakunjaran lare ing Tangêrang, nama Titi, umur 16 taun, pêjah anggantung wontên ing kamaripun. Sababipun anggantung bokmanawi jalaran saking anggèning judhêg ngraosakên lêlampahanipun.

[Grafik]

Pabrik gadhahanipun N.V. Regnault ing Bêtawi. Ing bab pawartosipun badhe adêging pabrik cèt, mangsi lan kalèng gadhahanipun N.V. Regnault ing Bêtawi, punika sampun sumêbar ing pundi-pundi. Dèrèng dangu punika pabrik wau sampun kabikak saha miwiti nindakakên damêl cèt sapanunggilanipun kasêbut nginggil. Wêkdal pambikakipun kathah para priyantun ingkang dipun ulêmi, saha ugi kathah ingkang ngrawuhi. Inginggil punika gambar salah satunggiling panggenan ing lêbatlêbêt. pabrik wau, katingal pirantos dalah cètipun ingkang sampun rampung panggarapipun.

Pamulangan têtanèn ing Beran. Pamulangan têtanèn ing Beran, Ngayogya ingkang dipun dêgakên dening I.M.I.W. dumuginipun sapunika sampun gadhah murid 13, sami kaêcakakên ing damêl nênanêm ing pakêbonan tuwin pasabinan. Ing sapunika pamulangan wau taksih sagêd nampèni murid enggal 10.

Directeur babagan arta praja tindak papriksa. Wontên pawartos, benjing wulan October ngajêng punika, Directeur babagan arta praja badhe tindak dhatêng ing tanah Jawi, Bali tuwin Lombok, pêrlu badhe papriksa ing bab pajêg siti tuwin pajêg pragatan.

Pangêcapan P.G.I. Sampun antawis 5 taunan, Persatuan Guru Indonesia ngawontênakên pawitan, ingkang dumuginipun sapunika sampun wontên f 27.000.-. Nalika congres P.G.I. anggêlêngakên rêmbag badhe ngêdêgakên pangêcapan, apawitan arta wau, pirantos pangêcapan wau ing sapunika sampun wontên, sumimpên wontên ing kantor P.G.I. Kalampahanipun kabikak namung kantun ngêntosi palilah saking nagari.

Darmawisata dhatêng Bali. Benjing liburan agêng ing wulan Siyam ngajêng punika guru-guru ing Surakarta tuwin sanèsipun sami badhe darmawisata dhatêng Bali. Ingkang dados pangajêng R.M.Ng. Wiroatmoko. Petanging wragad sabên priyantun satunggal f 35.-. Sintên ingkang kaparêng badhe tumut, kenging prasabên dhatêng R. Atmodilogo, ing Tamtaman, Surakarta.

Têtêpan priyantun. R. Suparmono Kusumodirjo, aib. fd. Mantri pulisi Kroya, Cilacap dados asistèn wêdana ing Paresidhenan Japara-Rêmbang. Kargono, mantri pulisi klas 1 Paresidhenan Surabaya kapindhah dhatêng Paresidhenan Malang. Kiai Suroso Atmodirêjo, mantri pulisi Paresidhenan Malang dados tijdelijk wd. asistèn wêdana Paresidhenan Bêsuki. R. Mohamad Kusèn Cokrohadisudiro mantri pulisi Paresidhenan Malang, dados tijdelijk wd. asistèn wêdana Paresidhenan Malang. R. Joko, juru sêrat klas 1 Paresidhenan Madiun dados mantri pulisi Paresidhenan Surabaya. Sarbudin, juru sêrat klas 1 Paresidhenan Bêsuki, dados mantri pulisi Paresidhenan Malang.

Saya sênggang. Gêrah dalêm sampeyan dalêm K.G.P.A.A. Paku Alam pinanggih saya sênggang. Sampun kenging tindak utawi nitih auto cêlak-cêlakan. Kintên-kintên anggèning wontên griya sakit Omder de Bogen taksih tigang minggu malih.

Karisakan tanêman ing Banyumas Kidul. Kawartosakên, ing Banyumas kidul kathah tanêman pantun ingkang botên dados. Ingkang kathah ing bawah Cilacap tuwin Kroya. Wit-wit klapa kados sami garing. Wowohan ingkang sawêg pêntil sami gogrog. Ingkang wajib sampun atindak rêrigên tumbas pantun 10.000 pikul. Gunggunging tanêman pantun ingkang botên kêmêdalan wontên 15.000 bau, sadaya sami pantun gaga.

Panenan kapas ing Kulonprogo. Ing taun kêpêngkêr, ing Kulonprogo, Ngayogya, ngawontênakên tatanan nanêm kapas ngantos 200.000 wit. Ing sapunika sampun kalampahan sagêd panèn. Angsal-angsalanipun wontên 100.000 kg. lawe pêthak. Miturut rêrêgèn ing pêkên lawe wau wontên rêrêgèn f 20.000.-. Lawe wau lajêng sagêd kagarap dados barang-barang ngangge pirantos saking departement Economische Zaken. Ing salajêngipun badhe angsal pitulungan saking Landbouwvoorlichtingsdienst wiji kapas enggal.

Pakaryan Ngayogyakarta. Dumugi têngah-têngahaning taun punika, pakaryan Ngayogyakarta sagêd nyade barang rêrêgèn f 25.000.-, dados sabên wulan waradin-waradinipun f 4200.-. Pêpetangan kados makatên ing taun kêpêngkêr wontên f 29.316.- dados pinanggih mundur. Tumrap I.M.I.W. Bêtawi, salêbêtipun 6 wulan sagêd nyadèkakên barang pakaryan f 4423.-. I.M.I.W. Sêmarang f 1029.-, tuwin I.M.I.W. Surabaya f 275.-. Munduring sêsadean wau kakintên jalaran para juru ngukir ing Kutagêdhe sami mubêng-mubêng dhatêng tanah Jawi.

--- 1050 ---

Nyingkirakên Journalist Jêpan. Tuwan Kemyzo Tsuijimori, directeur hoofdredacteur kabar wulanan "Nanyo Yidei" ing Singapura, badhe dhatêng Jêpan mampir tanah Jawi anjujug Surabaya, lajêng dhatêng Sêmarang tuwin Bêtawi. Tuwan wau kajawi journalist ugi dados juru ngarang buku-buku saha lajêng kadakwa damêl sêrat sêbaran basa Jêpang ing bab conferentie padagangan ingkang mêntas kêlampahan. Inggih bab punika ingkang andadosakên kalêpatanipun. Salajêngipun kasingkirakên saking tanah ngriki dipun iring P.I.D. botên kenging mampir Singapura.

Prajanjian dagang Belgie kalihan tanah ngriki. Wontên pawartos, nagari Walandi rêrêmbagan kalihan Belgie badhe ngawontênakên prajanjian nyade sêmèn wêdalan Belgie dhatêng tanah ngriki. Dene tanah ngirikingriki. badhe ngintunakên kopi dhatêng Belgie. Rêgining sêmèn Belgie badhe langkung mirah, saha sampun ngawontênakên cobèn-cobèn ngintunakên sêmèn 2000 tong.

Lampah anggêgana saking nagari Walandi dhatêng tanah ngriki. Pangagênging K.L.M. nêtêpakên dhatêng para juru nglampahakên motor mabur, ngêmungakên tiyang sanga, tumrap saking nagari Walandi dhatêng tanah ngriki. Ing sasampunipun mlampah mantuk, lajêng ngaso kawan wêlas dintên, pêrlunipun kangge anjagi sampun ngantos wontên kasangsaran, jalaran kêsêl. Ingkang kapiji wau: Sillevis, Te Pas, Hondong, Parmentier, Geysen dorffer, Scholten, Van Dijk, Te Roller, Smirnoff, Frijn tuwin Slaak.

Tarakbrata. Kala tanggal 9 Augustus punika, pangajêng P.K.S. ing Surakarta ngrêmbag ing bab sêsirih. Gêlênging rêmbag para pangajêng warga supados nindakakên lampah: sabên tangi tilêm enjing sampun ngantos kirang saking jam 5, kêdah linggih tumiyin nêntrêmakên manah tuwin angên-angên, ing batos nyênyuwun dhatêng Pangeran rahayuning jasmani lan rohani tuwin rahayuning jagad agêng. Benjing malêm tanggal 1 Jumadilakir ngajêng, badhe sêsarêngan cêgah sahwat sadalu, enjingipun siyam sadintên, kanthi ngawontênakên panuwun kados inginggil.

Bab ilèn-ilèn toya ing Kroya. Ingajêng sampun wontên pawartos bab badhe ilèn-ilèn toya ing Kroya. Ing sapunika parentah sampun dhawuh dhatêng Ir. Van Es supados mriksa kawontênaning pasitèn ingriku, tumrap pikantukipun manawi dipun wontênakên bêndungan lèpèn Sêrayu.

Nyinau babagan pakunjaran. Tuwan Pauline Santos, Directeur pakunjaran ing Philipina dhatêng ing tanah Jawi, pêrlu nyinau babagan pakaryan pakunjaran ing tanah ngriki.

Prabeya wulangan padamêlan tangan. Miturut pawartos, Departement Pangajaran dhawuh, tumrap wulangan padamêlan tangan ing Mulo Gupêrmèn tumrap murid-murid èstri, ing klas 2 tuwin 3, kakengingakên bayaran sabên lare satunggal 35 sèn. Dene pangetangipun botên tumrap pangajaran ingkang salêbêtipun sawulan namung sinau botên langkung saking 15 dintên.

ASIA.

Gareth Jones dipun pêjahi dening tiyang awon. Sampun sawatawis dintên wontên journalist bangsa Inggris nama Gareth Jones dipun cêpêng dening tiyang awon bangsa Tionghoa ing laladan Peiping. Tiyang awon wau ngangkah supados angsal têbusan. Kalampahan sampun dipun wontênakên arta têbusan. Nanging salajêngipun Jones dipun pasrahakên dening tiyang awon sanès, ingkang lajêng nêdha têbusan langkung kathah. Wusana tiyang awon ingkang kantun wau tansah nyanggi kasamaran, Jones lajêng dipun pêjahi. Mayitipun pinanggih wontên ing Pao Chang.

Bêna ing Tiongkok. Bênanipun lèpèn Kuning saya botên kenging dipun suwawa, amargi jawahipun botên kêndhat. Sawarnining bêndungan sami dhadhal. Papan ingkang kêlêban toya wontên 2500 mil pasagi. Ing Hopei Kidul wontên 5000 dhusun kêlêban, griya ingkang larut 30.000, tiyang ingkang ngili 40.000. Ewon tiyang ingkang sami nêdha klikaning kêkajêngan. Ing Provincie Honan tiyang ingkang ngili wontên 1.750.000.

NAGARI WALANDI

Minister van Defensie Walandi. Wontên pawartos, kintên-kintên Gupêrnur ing Curacao, Majoor van Hobbe, badhe kaangkat dados minister van Defensie, anggêntosi minister Deckers.

EROPA.

[Grafik]

Golongan ibu campuh kalihan pulisi. Inginggil punika gambaripun golongan ibu ing Cork (Irlanda) nuju campuh kalihan golongan pulisi, jalaranipun nalika ingriku dipun wontênakên bêslahan kewan ingkang jalaran nunggak pajêgipun, wusana andadosakên pasulayan, lajêng campuh.

--- 1051 ---

Wêwaosan

Wangsulipun Tarsan.

Piridan saking buku karanganipun Tuwan Edgar Rice Burroughs.

40

XIV

Sarêng Tarsan dhawah ing sagantên, sanalika ngriku lajêng tuwuh pikiranipun nêdya anêbihi saking kapal ngriku, murih sampun ngantos badanipun kenging rodhaning kapal. Piyambakipun mangrêtos sintên tiyangipun ingkang nganiaya dhatêng piyambakipun ngantos kalampahan makatên punika. Lan sarêng piyambakipun ambathang wontên ing sanginggiling toya, manahipun karaos-raos sarta gêtun sangêt, dene namung kalayan gampil kenging pitênahipun Rokop punika.

Ngantos dangu piyambakipun tansah anyawang lampahing kapal ingkang saya dangu saya têbih saya têbih, punapa malih babar pisan botên tuwuh manahipun nêdya nêdha pitulungan. Salaminipun gêsang Tarsan botên nate nêdha tulung dhatêng sasami-sami, amila ing kala samantên inggih botên gadhah pikiran nêdha pitulungan. Salami-laminipun Tarsan amung ngêndêlakên dhatêng kêkêndêlan tuwin lêpasing budinipun. Kajawi punika, sapêjahing biyungipun angkat kêthèk bangkokan ingkang nama Kala, punika botên wontên satunggal kemawon mahluk ingkang nêdya suka pitulungan, saupami piyambakipun nêdhaa pitulungan. Nanging kala punika, dangu-dangu piyambakipun tuwuh pikiranipun badhe nêdha pitulunganing sanès, nanging sampun kasèp.

Miturut gagasanipun Tarsan, saupami angsala pitulungan, inggih namung warni kalih, tur mokal sangêt kalampahanipun. Inggih punika ingkang kapisan, sagêd ugi wontên kapal ingkang langkung cêlak ing ngriku, lajêng anarik piyambakipun, lan ingkang kaping kalih sagêd mêntas dhatêng dharatan. Salajêngipun pikiran kalih warni wau, lajêng kagêmblêngakên dados satunggal, nglanginipun karindhikakên nuju dhatêng dharatan, kalihan angêntosi bokmanawi wontên kapal langkung.

Cara nglanginipun Tarsan punika, sanajan katingalipun pating tharolang, jalaran saking panjanging tangan lan sukunipun, nanging katingalipun sakeca kemawon. Salêbêtipun anglangi wau, kalayan anyawang lintang ingkang nêdahakên keblat, bilih purugipun anggèning nglangi wau mangetan. Ing kala punika piyambakipun angraos, bilih sêpatunipun punika namung ngawrat-awrati kemawon, amila inggih lajêng dipun bikak sarta lajêng kabucal. Botên watawis dangu, kathokipun ugi lajêng kabucal, malah jasipun pisan, niyatipun makatên ugi badhe dipun bikak pisan, nanging sarêng kèngêtan bilih sêrat winados wau kabêkta wontên ing kanthonganing rasukanipun, kapêksa botên saèstu. Kangge nêmênakên punapa sêrat wêwados wau taksih wontên salêbêting kanthonganipun utawi botên, sanalika ugi lajêng dipun gagapi. Nanging gumunipun tanpa upami sarêng nyumêrêpi bilih sêratipun wêwados wau sampun ical.

Samangke Tarsan mangrêtos sayêktos, bilih anggènipun Rokop nganiaya piyambakipun ngantos makatên wau, botên ngêmungakên saking anggènipun badhe malês ukum, nanging sabab Rokop sampun sagêd mêndhêt sêrat wêwados ingkang dipun simpên wau. Tarsan sangêt ing pamuringipun kalihan ambucali rasukan tuwin rangkêpaning rasukanipun wontên sagantên Atlantik ngriku. Botên watawis dangu malih, rangkêpaning clananipun ugi lajêng kabucal pisan ngantos ambalujut tanpa awêr-awêr. Samangke Tarsan lajêng kanthi gampil anggènipun anglangi angênêr mangetan.

Sarêng sampun trontong-trontong ing wanci enjing, Tarsan sumêrêp ing ngajêng wontên rêgêmêng sarêng saya dangu saya cêlak, cêtha paningalipun bilih ingkang rêgêmêng punika bobrokaning kapal, sanalika punika Tarsan lajêng minggah dhatêng bobrokan kapal wau, ngasokakên badanipun kalihan ngêntosi padhanging enjing. Wontên ing ngriku Tarsan botên nêdya namung badhe kèndêl kemawon ingkang anjalari pêjah kalirên utawi kasatan botên ngombe, nanging pamanggihipun Tarsan, nadyan dumugia ing tiwas pisan sampun ngantos kainan inggih mêksa dipun saranani ngupados panggêsangan.

Ing wêkdal punika ing sagantên botên wontên ombak agêng, amila ebahing rosokan kapal inggih botên sapintêna. Ing sarèhning anggèning nglangi ngantos jam-jaman dangunipun sarta botên tilêm-tilêm, tamtunipun inggih angraos sayah sangêt lan arip. Satêmah nalika piyambakipun linggih andhêkukul inggih kalajêng tilêm.

Ing wusana sarêng badanipun kêsorotan ing bêntèring srêngenge, Tarsan kagèt lajêng tangi. Saha karaos ngorong sangêt ngantos kadosdene tiyang sakit. Nanging sarêng sampun padhang paningalipun, raos ngorong sangêt wau sirna sanalika, awit ing kala punika Tarsan anyumêrêpi wontên wêwarnèn kalih ingkang adamêl sênênging manahipun. Ingkang kapisan: wontên pintên-pintên balabag ingkang pating krampul kumambang wontên sacêlakipun ngriku, saha ing têngah-têngahipun wontên baita ingkang mêngkurêb. Ingkang kaping kalih nyumêrêpi cêtha garis-garis ingkang minôngka kikising sagantên kalihan gêgisik.

Sanalika Tarsan lajêng mancolot ambyur malih amurugi baita ingkang mêngkurêb wau. Asrêping toya sagantên sumrambah ing badanipun [badani...]

--- 1052 ---

[...pun] Tarsan, raosipun botên beda kadosdene tiyang ngorong ingkang dipun ombèni. Amila kêkiyatanipun inggih lajêng wangsul kados ingkang suwau malih, saha lajêng sagêd anglumahakên baita ingkang mêngkurêb wau. Saha sarêng katitipriksa, taksih wêtah dèrèng wontên ingkang borot. Tarsan lajêng milih blabag kêkalih minôngka kangge wêlahipun, ing wusana baita lajêng dipun wêlahi sarta lajêng lumampah anuju dhatêng gisikan.

Sampun siyang sangêt sagêdipun Tarsan dumugi ing gisikan wau, mênggah gisikan ingkang dipun purugi punika satunggiling têluk ingkang kinubêng ing wana, wontênipun ing ngriku, Tarsan rumaos kadosdene sampun nate ngambah. Ing batos gagasanipun Tarsan, punapa inggih sampun krêsanipun Ingkang Maha Kuwasa, bilih piyambakipun dipun wangsulakên dhatêng siti kalairanipun. Nanging sarêng baita sampun mèpèt ing gisikan, manahipun ingkang ragu-ragu wau, sirna babarpisan, jalaran lajêng anyumêrêpi gubug padununganipun kala samantên, ingkang dipun êdêgakên dening swargi ingkang rama Jon Kleton Lod ing Grèstuk, ing sadèrèngipun Tarsan dipun lairakên.

Sanalika punika kanthi gugup Tarsan lajêng mêncolot dhatêng ing dharatan. Lan murih sagêda kasumêrêpan dening isèn-isèning wana sadaya, bilih Tarsan sampun wangsul wontên ing ngriku malih, sirahipun lajêng dipun dhêngklakakên saha lajêng angumbar suwara amêre-mêre sakatogipun. Sakèndêling suwaranipun anggèning mêre-mêre wau, sanalika cêp, ing wana ngriku botên wontên sabawaning walang salisik. Nanging botên watawis dangu suwara wau lajêng wontên ingkang mangsuli, inggih punika panggêroning singa barong, lan saking katêbihan lamat-lamat kamirêngan suwaraning kêthèk bangkokan jalêr ingkang ugi mêre-mêre animbangi suwara wau.

Dene ingkang dipun tuju langkung rumiyin dening Tarsan amurugi lèpèn alit prêlu ngombe, sasampunipun lajêng lumêbêt dhatêng gubug. Korining gubug lêstantun taksih kinunci, kadosdene nalika piyambakipun lan Litnan Dharno nilar saking ngriku, palanging kori lajêng kaangkat, têrus lumêbêt. Ing nglêbêting gubug isinipun taksih langkêp kados rumiyin, meja, papan patilêman, lan ayunaning bayi, taksih lêstantun wontên ing ngriku, kadosdene kawan likur taun ingkang sampun kapêngkêr, tuwin lêt kalih taun kalihan kesahipun Tarsan piyambak.

Sasampunipun rampung anggènipun nitipriksa wontên ing salêbêting gubug, sawêg padharanipun Tarsan kraos luwe, ingkang punika piyambakipun kapêksa kêdah ngupados têdha. Ing salêbêtipun gubug ngriku botên wontên têtêdhan punapa-punapa, lan Tarsan ugi botên anggadhahi dêdamêl, nanging ing gêbyoging gubug katingal wontên laso. Nanging laso wau sajatosipun sampun botên kenging dipun angge malih, sabab sampun ragi risak. Gagasanipun Tarsan kados punapa bingahing manahipun saupami ing kala punika anggadhahana dêdamêl lading. Nanging bab punika dipun anggêp sêpele. Sabab manawi botên lêpat, sadèrèngipun srêngenge mlêthèk malih, kados-kados piyambakipun sampun sagêd anggadhahi dêdamêl awarni jêmparing sagêndhewanipun tuwin lading, ingkang angsalipun jalaran saking lasonipun punika. Kajawi makatên, inggih lasonipun punika ingkang kenging kangge ngupados têdha ing sadèrèngipun. Laso lajêng kagulung, kasampirakên ing pundhak, lajêng mêdal saking gubug kalihan angancing korinipun.

Botên têbih saking gubug ngriku sampun wiwit wana. SalajênginSalajêngipun. Tarsan lumêbêt ngambah ing wana kanthi cikat tanpa nyuwara. Ing kala punika Tarsan ical sipatipun manusa, wangsul dados sato galak malih, ingkang sawêg pados mêmangsan. Ing sakawit lumampah ing dharatan, nanging sarêng botên wontên tapak tilasing mêmangsan, lajêng mêncolot ing uwit. Sarêng lampahipun wiwit pêncolotan amlembar turut wit-witan, gumbiraning manah lajêng wangsul kados kala rumiyin. Lan sadaya ingkang sampun katindakaên salêbêtipun momoran kalihan manusa, kala punika lajêng kadosdene sampun kasupèn babarpisan. Gagasanipun: iya iki kang diarani urip, iya urip mardika, kang bisa sakarêp-karêp. Sapa sing gêlêm mênyang nagara-nagara padununganing manusa sing jarene wis trapsila bêbudène, nanging ala adat kalakuane, iya nagara-nagara kang rupêk lan kang ora ana sawangan sarta kaanan rupa-rupa kaya ing alas kene. Nèk tumrape aku iya wis êmoh babarpisan.

Nalika lampahipun Tarsan dumugi ing papan pangombèn sacêlakipun lèpèn alit ing wana ngriku taksih padhang, ing ngriku wontên sabranganipun lan wiwit kina makina, lèpèn alit wau dados papan pangombènipun kewan-kewan ing wana ngriku. Manawi ing wanci dalu ing ngriku salaminipun mêsthi wontên singa barong utawi bangsanipun ingkang sami andhêdhêpi mêmangsanipun ingkang sami badhe ngombe. Dene ingkang sami dhatêng ngombe ing ngriku punika, limrahipun bangsaning: kidang, mênjangan, andhapan, lan sasaminipun. Ing dalu punika Tarsan ugi andhêdhêp wontên ing ngriku, bokmanawi sagêd angsal mêmangsan, sabab saking sangêting luwenipun.

Mêthangkrong wontên ing êpang wit-witan ingkang andhap Tarsan angêntosi dhatênging mêmangsanipun. Saya dangu saya pêtêng saya pêtêng, wontên ing sacêlaking sabrangan, Tarsan mirêng suwaraning tumapakipun kewan ingkang alon sangêt saha ingkang badanipun agêng dipun kesat-kesotakên ing parumputan. Kajawi Tarsan botên wontên ingkang badhe nyumêrêpi, bangsaning kewan punapa punika. Nanging Tarsan inggih lajêng mangrêtos kemawon, inggih punika singa barong. Kala punika Tarsan lajêng mèsêm. Badhe kasambêtan.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Kasêtyaning Wanita.

[Kinanthi]

ya ta tumingal sang prabu / kanggêg mulat mring sang putri / dene patrêm wus liniga / tumiyung kulunging galih / sang nata ririh ngandika / mangrêpa mangasih-asih //

dhuh gusti pêpujaningsun / sêsotya nagri Kadhiri / musthikaning bumitara / mirah ywa sandeyèng galih / sêdya ayu praptaningwang / ing ngarsanira mas gusti //

ywan katambêtan pandulu / ingsun narendra linuwih / pêparab Bramakumara / ing Makasar sura sêkti / dhuh gusti sumarma prapta / awit pakoning dewaadi //Lebih satu suku kata: awit pakoning dewadi.

kang asih asung pituduh / kinèn sumewa wak mami / marang ing sariranira / lawan ingsun wus miyarsi / kabar kang uwis kaojat / yèn sira putri linuwih //

[Grafik]

kacêtha guruning ayu / ratuning manis prak ati / ratuning raga karana / netranta kang lindri-lindri / pindha sêkaring sêsotya / ing mêngko ingsun yêktèni //

uninga mring sira masku / tuhu yèn punjuling bumi / midêra sèwu nagara / kadya tan antuk tumandhing / kang kadi raras rumira / sanadyan ing suranadi //

cahyèng waranggana wêlu / mring cahyanira sor titih / Supraba lan Wilutama / Ratih patut anyênyèthi / sira kumarèng bawana / nora larang dèn labuhi //

tinuku madyaning pupuh / toh pupug gêmpuring nagri / tombok jiwa sanagara / puwara samodra gêtih / dhuh mas mirah sarungêna / patrêmira dèn aririh //

ngrasuka busana luhung / ywa nganggo busana jisim / eman têmên warnanira / narik kalbu lir rinujit / kalbuningsun lir sinêndhal / rontog rantas rontang-ranting //

karantan jur kumur-kumur / sira katon amlas-asih / dhuh mas mirah ingsun wêkca / kadêrêng kudu angabdi / marang ing sariranira / anggèr pindhanên pakathik //

sakarsanira anurut / nora etung awak mami / ratu agung binathara / sugih bala sura sêkti / byatning kasmaran mring sira / tulusa ingsun ngèngèri //

mangkana kusuma Galuh / katgada sigra nauri / aririh têmbunging sabda / nanging pêdhês amranani / hèh sira sang duratmaka / kalingane narapati //

Makasar kawijilamu / Bramakumara wêwangi / ngaku ratu kinawasa / apa mamak tan miyarsi / yèn ingsun nora lêlêgan / pagene sira ngèngèri //

sira ratu numbuk-numbuk / tan manut kramaning bumi / sira manjing duratmaka / praptamu ing ngarsa mami / kang jamak narendra ditya / yèn arsa marang pawèstri //

kang wus ana lakinipun / pinurwa madyaning jurit / yèn lakine wus palastra / garwane tinawan nuli / mangkono ratu widagda / sirèku ratuning juti //

mamak mêsum anjêlabut / nora wani adu rai / anguthuh ngrêgêdi jagad / sapa wanita kang sudi / marang paraupanira / baya sun pilaur lalis //

tan arsa tumingal ingsun / mring jalma culikèng bumi / lakiku bagus prawira / yèn sira kongsia panggih / pinanah gulumu pêgat / môngsa gagapa basuki //

yèn sira misesa mring sun / mung patrêm kang ingsun pusthi / milalu praptèng antaka / tan arsa sèdhèng mring laki / hèh Prabu Bramakumara / ywa mungkur ing kramaniti //

Nginggil punika pêthikan saking Sêrat: Panji Sêkar, cariyosipun anêngsêmakên.

Sêrat Panji punika wiwit kina dipun rêmêni ing bôngsa kula Jawi, rêgi f 0.90.

Wêdalan Bale Pustaka, Batawi Sèntrêm.

--- [0] ---

Ôngka 69, Ju Lê, 30 Jumadilawal Jimakir 1866, 30 Agustus 1935, Taun X

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1085] ---

Ôngka 69, Ju Lê, 30 Jumadilawal Jimakir 1866, 30 Agustus 1935, Taun X

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1,50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor Palis tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Tatwawara - Wiyosan Dalêm Sri Bagendha Maharaja Putri Wilhèlminah - Santun-sumantuning Dhawuh - Nagari-nagari Islam - Jiwa Lare tuwin Pamardi - Pabrik Tèh Kagungan Dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana - Nonton ing Pasar Gambir - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Tatwawara

[Asmaradana]

tansah mung dadi pradondi / wit kuna praptaning mangkya / paran mungguh sanyatane / janma ing donya punika / kang urip lan kang pêjah / akèh êndi cacahipun / lamun mirid ing kahanan //

sawastu akèh kang urip / kang mati tan sapiraa / kang urip brubul têkane / kongsi angêbaki jagad / kampung lan desa-desa / malah èrèng-èrèng gunung / jêjêl dèn ênggoni janma //

nanging ana kang ngarani / mungguh ananing manusa / ing donya iki nyatane / ujare akèh kang pêjah / kang urip tan piraa / êndi kang bênêr kang luput / prayoga padha tinômpa //

ing pikir rangkêp lan bêning / awit yèn miturut crita / ing kitab-kitab jarene / upama wong ngalam donya / ana pitu kang pêjah / bayi kang lair ya pitu / dadi kang urip lan pêjah //

padha bae nora luwih / sarta iya nora kurang / kongsi kiyamat ing têmbe / môngka lamun tiningalan / nyatane tan mangkana / dudu amput-amputipun / kang lair padha rêbutan //

rêbut dhucung rêbut dhisik / sarênti kang samya pêjah / yèn netra kapala kiye / bênêrake kèh kang gêsang / nanging netraning manah / bênêrake kèh kang maut / mung kapriye têrangira //

--- 1086 ---

Wiyosan Dalêm Sri Bagendha Maharaja Putri Wilhèlminah

[Grafik]

Ing tanggal 31 Agustus 1935 punika, kalêpaskalêrês. dintên wiyosan dalêm Sri Bagendha Maharaja Purti Wihèlminah, dumugi yuswa 55 taun.

Sayêktosipun dumugining titimôngsa punika, kawontênanipun praja taksih nabêt kasungkawan, nanging sarèhning tabêt wau sampun mèh ical, mila ing dintên wiyosan dalêm wau badhe dipun pahargya kados ingkang sampun-sampun. Tumrap ing Batawi kajawi kawontênakên baris paradhê agêng-agêngan, ing pura Gambir ugi dipun wontênakên pahargyan inggih punika Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana anampèni sowanipun para pangagêng nagari warni-warni, tuwin para pangagêng dagang, kapal, bang tuwin sanès-sanèsipun.

Ingkang badhe mêdhar sabda ngunjukakên kasugêngan dalêm Sri Bagendha Maharaja Putri, pangarsaning rad kawula, atas saking namanipun têtiyang ing tanah ngriki, dipun tampi dening Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana.

Pahargyan ingkang kados makatên punika ugi dipun tindakakên dening para gupêrnur tanah Jawi tuwin residhèn ing tanah sabrang, tuwin ing pundi ingkang wontên saradhadhunipun, ugi dipun wontênakên paradhê.

Ingkang punika, ing pamuji, mugi Sri Bagendha Maharaja Putri pinanjangakên yuswa, sampun kirang satungal punapa.

--- 1087 ---

Kawruh Sawatawis

Santun-sumantuning Dhawuh Pranatan Nagari tumrap Karaton Dalêm Surakarta Adiningat, ing Taun 1889-1916.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 67.

XX Bab pangadilan landrat.

Ing taun 1903 nagari andhawuhakên undhang-undhang waradin tumrap sabawah dalêm Kasunanan paring sumêrêp, bilih pangadilan dalêm ingkang kaasta gupêrmèn katindakakên presidhèn landrad. Inggih punika tumrap prakawis ingkang dakwa utawi pasakitanipun têtiyang alit lugu, têgêsipun dede santana dalêm grad I-IV saking karaton utawi priyagung bupati sasaminipun, kajawi bilih dakwa wau katarik saking salaki-rabi taksih grad I-IV, punika taksih tumindak wontên ing pangadilan dalêm pradata gêdhe dèrèng ewah. Makatên malih prakawisipun putra santana dalêm dumugi buyut dalêm ugi taksih lêstantun tumindak wontên pangadilan dalêm kadipatèn.

XXI. Bab punggawa pulisi alit.

Nunggil ing taun 1903 nagari andhawuhakên pranatan iyasa punggawa pulisi enggal kagolong pulisi alit kaparingan nama I pulisi: Jagawèsthi, II Jagaratri, III Jinêman kampung, cacahipun pintên-pintên atus. Jagawèsthi panganggenipun cara Walandi, Jagaratri ugi mangangge cara Walandi, nanging kuwajibanipun jagi grêdhu ing pinggir margi-margi agêng namung sabên wanci dalu kemawon, dene Jinêman kampung panganggenipun cara Jawi, padamêlanipun rundha thèthèk ing sadaya pakampungan bawah Kasunanan dipun wontêni, tumindakipun ugi namung sabên wanci dalu. Nanging sapunika ingkang ôngka II sarta III sampun rucat botên kawontênakên malih, kantun ôngka I ingkang taksih lêstantun, namung namanipun santun: Pulisi P.B. campur kuwajiban kalihan pulisi gupêrmenan.

XXII. Bab songsong.

Ing taun 1894, nagari andhawuhakên undhang pranatan ambangun dhêdhawuhan bab songsongipun abdi dalêm jalêr-èstri agêng-alit dumugi payung layon, têmantèn, lare tetak sapanunggilanipun ingkang dede abdi dalêm, namung songsonging putra dalêm tuwin wayah dalêm karaton ingkang botên kalêbêt tatanan ing wêkdal wau, amargi sampun wontên planggêranipun saking karaton piyambak wiwit kina-kina. Mênggah pilah-pilahing songsongipun abdi dalêm ing wêkdal wau wiwit ingkang pangkat andhap piyambak dumugi pangkat kalênggahan ingkang inggil pisan. Wondene layon, têmantèn, lare têtak sapanunggilanipun ingkang dede abdi dalêm, wiwit titimôngsa wau sampun sami botên kakengingakên malih dipun payungi utawi ngangge songsong abdi dalêm kados kala rumiyin, nanging dipun [di...]

--- 1088 ---

[...pun] wontêni pranatan piyambak inggih punika yèn ngangge payung cètipun kêdah cêmêng utawi abrit jambon byur lugas. Pranatan punika taksih lêstantun kangge dumugi sapriki.

XXIII. Bab wiji pantun.

Nunggil taun 1894, nagari andhawuhakên undhang pranatan, têtiyang bêngkok sabin ing sabawah Kabupatèn Sragên, ingkang badhe pacak sabin môngka botên gadhah utawi kêkirangan ingkang kadamêl wiji, bilih sumêdya nyambut pantun dhatêng parentah kalilan sarta dipun paringi sacêkapipun, ing dhusun-dhusun bawah Kabupatèn Sragèn ugi, sampun dipun sudhiyani lumbung isi pantun kagunganipun nagari, amung sabibaring panèn tiyang-tiyang ingkang nyambut wau kêdah sami mangsulakên awujud pantun, mawi lunggenan sakêdhik minôngka pituwasipun dhatêng ingkang sami tumandang garap padamêlan ngriku. Amila dipun wontêni undhang pranatan makatên, amargi kala samantên ing Apdhèling Sragèn sawêg nuju kataman pacêklik sangêt kêkirangan uwos lan pantun.

XXIV. Bab slawat dhatêng kaji

Suwaunipun wiwit kina-kina mila, sabên malêm bakda garêbêg Mulud saking karaton amatêdhakakên jakat winastan salawat dhatêng kaji-kaji ingkang sami manjurung dhikir Maulud ing surambi masjid Agêng, awujud arta ngalih rupiyah kaji satunggal, pambagenipun inggih wêkdal dalu wau wiwit jam 12 ngantos ngajêngakên byar enjing sawêg rampung, wêwaton namung saking panganggèn, jangji surbanan inggih dipun dumi slawat wau. Ing wêkdal malêm bakda wotên satunggal kalih tiga ... tiyang mindha-mindha kaji kadêngangan pulisi, dede kaji nanging surbanan, rambutipun taksih jalamprah botên gundhul andadosakên ributipun para priyantun ingkang tinanggênah ambage slawat tuwin ingkang nindakakên urusan bab wau. Mila nagari lajêng andhawuhakên undhang pranatan sadaya kaji ingkang sami sumêdya manjurung dhikir Maulud, sadèrèngipun kêdah nyuwun sêrat sorogan rumiyin dhatêng pangagêngipun pulisi ingkang anbawahakên, kalihan ambêkta bêslitipun kaji saking tanah Mêkah, kanthi papriksan taliti satunggal-satunggalipun, sêrat lajêng katur dhatêng pangagêng lurah kaji ing kitha Surakarta, lajêng kasorog malih dhatêng kabupatèn pangulon. Wontên ngriku bilih sampun botên kirang papriksanipun cocog yèn kaji, lajêng kaparingan karcis piyambak-piyambak nyatunggal, karcis wau angèl kenging dipun palsu, benjing ngajêngakên dhawahing dintên garêbêg Mulud ing wanci jam 9 enjing dumugi jan 12 siyang, sami nyadhong slawat wau dhatêng surambi masjid Agêng, lampahipun kêdah urut kacang botên kenging sêsarêngan garubyugan kalihan ngaturakên karcisipun saking pangulon wau, kaji-kaji nuntên tampi slawat f 2,- tiyang satunggal.

Ajalaran kapranata makatên panindakipun parentah lajêng sagêd rêsik botên sagêd kêblubukan malih, sabên bakda garêbêd Mulud padatan arta slawat wau wêdalipun wontên pitung ewonan rupiyah, kirang-langkung sakêdhik nanging yèn anglêrêsi sêkatèn Mulud taun Dal, têlasipun slawat kaji ngantos wontên wolung ewonan rupiyah kirang-langkung sakêdhik. Badhe kasambêtan.

K. 585.

--- 1089 ---

Pawartos Sanès Praja

Nagari-nagari Islam

Sumrambahing pulitik ing donya sampun botên kenging dipun pênggak, sanadyan nagari-nagari Islam ingkang rumiyin kaupamèkakên tilêm, ing sapunika sampun sami gumregah tumut angêmori damêl.

Tumraping nagari Islam, ingkang majêngipun ngêgèt, punika Turki, kenging dipun wastani kawontênanipun sarwa malik babar pisan. Ingkang makatên wau lajêng nuntuni adamêl gumregahing nagari sanès.

Tumularipun dhatêng Irak ugi anjalari maliking kawontênan, dhasar kalêrêsan, ebahing nata ing Irak anggèning badhe ngajêngakên praja dipun sayogyani ing rakyatipun. Saya malih nata ing Irak ngudi sangêt pulihing kaluhuran Arab, sampun ngantos kasilêp kados ingkang sampun.

[Grafik]

Tumpakan unta ing sagantên wêdhi ing tanah Arab.

Sayêktosipun pinanggihipun wontên ing Arab, bab tataning ngudi dhatêng kamajêngan wau sampun dipun tindakakên dening nata suwargi, pinanggihipun wontên ing nata sapunika, Raja Gasi, nama kantun anglajêngakên. Nanging sanadyan namung kantun anglajêngakên, manawi botên kuwahyon, inggih badhe cabar ing lampah. Bab makatên punika wontên têtuladanipun, kados kawontênanipun praja Afghanistan. Ing sakawit tiyang tamtu botên ngintên manawi pinanggihipun lajêng botên kantên-kantênan, malah malikipun sangêt, ingkang botên nocogi babar pisan kalihan pangajêng-ajênging ngakathah. Dene tumrapipun Irak, ewahing tatanan punika dipun sayogyani dening rakyat, dados para rakyat tumut angayati damêl, mila pinanggihipun sagêd tumindak sakeca.

Tumindakipun ing damêl, kabatosanipun ngangkah kawilujêngan salêbêting praja, dene kawilujêngan wau lèrègipun lajêng dados kasantosan, prêlu kangge jagi-jagi samôngsa wontên bêbaya saking jawi. Kajawi punika ugi ngangkah ajênging panggêsangan, [panggêsang...]

--- 1090 ---

[...an,] ngajêngakên pangajaran, ngintunakên tiyang sinau dhatêng sajawining praja kanthi waragad nagari.

Ing bab gêgayutanipun mêmitran, tuwin pulitik kalihan praja ngamônca dipun angkah sangêt, kados ta tumrap kalihan nagari-nagari Eropah, punapa malih dhatêng nagari-nagari wetanan, kados ta gêgayutanipun kalihan Pèrsi tuwin Turki. Dene ingkaingkang. langkung migatosakên, punika gêgayutanipun kalihan karajan-karajan Arab sanès-sanèsipun, inggih punika Mêsir tuwin Ejas. Malah gêgayutanipun kalihan nagari kêkalih punika langkung dipun rakêtakên, amargi nama tunggil kabangsan. Manunggilipun nagari ingkang kados makatên punika manawi kasêmbadan inggih sagêd santosa sayêktos. Malah tumraping rakyat, ugi lêga lila saha adrêng ing panyuwunipun supados kadadosakên prajurit, parentah sampun ngantos majêng mundur anggèning badhe ngawontênakên prajurit, murih kasêmbadan anggadhahi wadyabala santosa tur sami bôngsa.

[Grafik]

Wadyabala Saodi ingka sampu nate ugulunggul. ing prang kalihan nagari Yaman.

Tumrapipun Ejas, sêdya manunggiling karajan sanès, punika pancèn dados idham-idhaman, tuwin Islam punika akajêng sarwa jêmbar. Saya sarêng putra nata, Saèmir Saod kaparêng anjêmbarakên wawasan dhatêng tanah Eropah, punika saya katingal kuncaranipun karajan Ejas. Ing sapunika pinanggihipun ing laladan Mêkah katingal beda sangêt kalihan ingkang sampun, inggih tatananipun punapa kemawon.

Makatên ugi tumrapipun praja Mêsir, saya

--- 1091 ---

dangu saya katingal misuwuripun, ing bab pamulanganipun luhur babagan kaislaman, dados pangalêmbanan tuwin dipun wigatosakên sangêt dening môncapraja. Punika sagêd katitik saking kawontênanipun para sêtudhèn ingkang sami sinau, pinanggih asli saking pundi-pundi.

[Grafik]

Motor mabur nuju anggêgana wontên sanginggiling piramidhê ing laladan nagari Mêsir.

Ing sapunika sarêng tuwuh pasulayanipun nagari Itali kalihan Ngabêsi, nagari-nagari Islam wau kathah ingkang gêgayutan, saha nuwuhakên pandakwa warni-warni ingkang raosipun adamêl kirang sakeca, awit ing wartos, nagari Islam wau dipun wastani ambiyantu dhatêng Ngabêsi ing bab babagan wadyabala.

Dene Mêsir, tumraping babagan punika pancèn sakalangkung migatosakên, awit ing bab lampah-lampahing wadyabala Itali nama anglangkungi laladan Mêsir, saya tumraping lampah anggêgana, Mêsir ngantos anggadhahi kuwatos manawi laladanipun wontên ingkang kangge pakèndêlan motor mabur. Manawi kalampahan makatên, tamtu namung badhe nuwuhakên èwêd-pakèwêd. Mila Mêsir tansah anindakakên pambudidaya murih wilujêng, tansah jagi-jagi sampun ngantos wontên èwêd-pakèwêd ingkang dhumawah.

Dados ing sapunika cêtha, bilih kawontênanipun praja Islam katingal sampun sagêd angêmori dhatêng ombyakipun nagari-nagari Eropah.

--- 1092 ---

Jiwa Lare tuwin Pamardi

Karanganipun Suwarja, kapala guru pawiyatan Budi Utama, Mistêr Kornèlis.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 68.

Ing salêbêtipun môngsa wau jiwaning lare kêdah dipun dhêdhêri raos suci. Lare èstri dipun tuntun dhatêng wajib tuwin wêwatakaning biyung. Dene lare jalêr dhatêng wajib tuwin wataking jalêr. Samangke kêdah dipun ginau dhatêng watak kasatriyan. Ingkang prêlu sangêt supados larenipun sagêd mrentah badanipun piyambak, supados raosipun birai wau sampun ngantos nuwuhakên tindak ingkang botên sae.

Larenipun prayogi dipun kèn migunakakên tênaganipun panjôngka-jôngka ingkang tuwuh ing manahipun prayogi dipun sukani margi, supados hawa napsunipun ingkang awon botên pikantuk papan.

Prakawis pados padamêlan kêdah sampun wiwit dipun timbang-timbang, dipun jumbuhakên kalihan kawontênaning dhasar karêmênanipun. Lare èstri prayogi wiwit dipun ajari nyêpêng balegriya, sarta nindakakên padamêlan sanèsipun bêtahipun tiyang èstri.

Kêkêmpalanipun lare jalêr kalihan èstri botên prêlu dipun awisi. Kajêngipun taksih kêkêmpalan saugêr dipun awat-awati ingkang trêtib supados botên wontên punapa-punapa. Sabab golongan jalêr lan èstri punika prêlu sumêrêp wêwatakaning satunggal lan satunggalipun. Punika agêng sangêt paedahipun tumrap kalih-kalihipun.

Dolananipun lare nalika wau sampun santun sipatipun sampun wiwit yêktosan, wontên grêgêt tuwin pêthênthêngipun. Sampun mantun ngemba tiyang Indhian rampog-rampogan nanging dolanan saèstu. Rêmên ngêdêgakên pakêmpalan, ngawontênakên pêpanggihan, ngemba kados tiyang sêpuh saèstu.

Ing ngriku lare wau wiwit anggadhahi kayakinan. Jalaran saking anggènipun badhe gadhah kayakinan lajêng gadhah mêngsah, utawi lajêng jor-joran. Warni-warni lêlampahan ingkang dipun alami, ingkang anjalari pamanggihipun wêwah sarta pangrêtosanipun mindhak kathah.

Môngsa birai wau anjalari lare ewah kathah sangêt. Suwantênipun ngagor-agori, sadaya tindak-tandukipun ugi ewah, rumaos badanipun sampun gadhah aji. Dene lare èstri wiwit sagêd nata badanipun piyambak.

Inggih jaman diwasa wau jalêr tuwin èstri upami sêkara makatên sawêg nêdhêngipun mêkar. Kalih-kalihipun sami tarik-tinarik ngedab-edabi. Mila anggènipun ngawat-awati ugi angèl sangêt. Samangke sampun mèh wancinipun matêng, wancinipun tiyang sêpuh kêdah ngêculakên anakipun kadosdene wit salak ngêculakên wohipun inggih punika wancinipun lare jêjodhoan, gêsang babrayan mêngku balegriya piyambak.

--- 1093 ---

Pabrik Tèh Kagungan Dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana

Sampun sawatawis dintên, pabrik tèh Ampèl, kagungan dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun ing Surakarta, kalampahan sampun kabikak. Dipun jumênêngi Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana sakalihan pramèswari dalêm, tuwan gupêrnur, sampeyan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, pêpatih dalêm, tuwin sanès-sanèsipun.

[Grafik]

Pabrik tèh Ampèl dipun tingali saking ngajêngan.

[Grafik]

Wakil firma Lindeteves Stokvis nuju ngunjukakên pisungsung album ingkang isi gambar-gambar.

Adêging pabrik wau wontên èrèng-èrènging rêdi Marbabu tapêl watês kalihan Sêmarang. Waragadipun f 175.000.-, dipun damêl dening firma Lindeteves Stokvis. Ing dalêm sataun sagêd ngêdalakên tèh ¾ yuta pun.

Pabrik wau kaparingan nama Madusita.

--- 1094 ---

Nonton ing Pasar Gambir

I

Mak Kamprèt: Mêngko sik, Pakne, kene dhisik, sêmune bakyu lagi duka ...

Petruk: Makne, durung-durung kok wis lali, aku mau rak wis wanti-wanti, mêtu jêdhul saka ngomah, kudu cara pyayi, awit iki bakal cêcampuran karo wong akèh. Kudu diketokake aksine, lan yèn uga wis ngambah ing jaman modhèrên, mulane anggonmu ngaturi nyang aku iya kudu: kangmas, saora-orane iya: papi, dadi rada cara Lônda sathithik. Poma lo, aja nganti lali, Makne.

[Grafik]

Mak Kamprèt: Iya, Kangmowas, nanging nèk nyêluk aku iya aja: makne ngono, iya kudu cara pyayi, dadi iya: dhiajêng, utawa iya cara Lônda: Bubi.

Petruk: Wiyah, dupèh têmbunge ibu, diarani cara Landane: Bubi, nèk cara Lônda jarene ngundang bojone kuwi: mami, utawa: mam, mêngkono kae. Wis, makne e, nas, nganti lali, dhiajêng mami, kok banjur omong dhewe bae. Kae lo rungokna, wèh, nyata, bakyu sajake duka tênan.

Biyang Nala: ... Kowe kuwi pancèn wong lanang pêrpèlên (nyêdhihi), sida arêp mênyang Pasar Gambir apa ora, hèh. Wong wis wancine pangkat, durung dandan, kok malah anjêdhodhot karo dhêlêg-dhêlêg. O-gê-mlê-thêk, atiku. Karêpe bae arêp apa, arêp apa, arêp apa ...

Garèng: Sing ora nalôngsa bae sapa, wong anggone diimpi-impi wis wingènane sore dawa, arêp mênyang Pasar Gambir nganggo cara Lônda, ana kathok siji lan sêpatune sêpasang di ... prombèngake kabèh. Apa le macak cara Lônda kuwi dikon ora nganggo sêpatu, lan kathoke kudu narima ... kathok monyèt.

Biyang Nala: Ambok ngilo githokmu, apa rumasamu kowe kuwi pantês yèn macak cara Lônda, wong rupane banjur kaya ... jathilan.

Garèng: Dene dhèk biyèn kowe karo aku kok ... sêtêngah mati. Jarene nèk ora diolèhake aku, aluwung ... ngrèntèngi bae ...

--- 1095 ---

Biyang Nala: E, e, e, ngomong kathik anggêre mêtu bae, munia manèh, munia manèh, mêngko rak sida tak ...

Petruk: Wèh, Mak ... . èh, Dhiajêng, Mami, ayo tumuli padha mlêbu, mêngko rak kêlakon ana rajapati têmênan. Kula nuwun, kula nuwun ...

Biyang Nala: Kae ana dhayoh, ayo, ulate disumèh-sumèhake, saru, nèk ana dhayoh banjur ulate nêlulèk pêtêng kuwi, daran-daranana rak mêntas padu.

Petruk: Kula nuwun, kula nuwun ...

Biyang Nala: Môngga - môngga - e, kok Dhi Petruk karo Dhèk Rayi. Wah kok padha wis macak-macak, arêp mênyang Pasar Gambir apa kiyi.

Petruk: Ha iya ta, Bakyu, gèk anu aku karo adhimu rak wis jangjian arêp ngampiri bakyu sakalihan. Tak arani bakyu sakalihan rak iya wis padha busana, jêbul durung barang-barang. Malah mau rame, kuwi ana apa.

Biyang Nala: Ha iya kuwi kakangmu, dhi, wong arêp nyang Pasar Gambir kok arêp nganggo cara Lônda, hla, tak prênah-prênahake, ambok macak cara Jawa bae, dadi katon brêgas, wong bôngsa Jawa kuwi, brêgasa dikaya ngapa, nèk macak cara Lônda sok banjur kaya wong ilang ...

Garèng: Ora Truk, padune sêpatuku dipro ...

Biyang Nala: Iya pancèn bênêr, Dhi Petruk, sêpatune pancèn tak probahake, wong kae lo ênggone sul (tungkak) wis rada rusak sathithik, môngka saprene durung rampung ...

Petruk: E, sêpatune lagi didandakake ta, wiwitane têmbung kuwi mau kok: pro, mati-matia takarani sêpatune diprombèngake.

[Grafik]

Mak Kamprèt: Iyah, Pakne, e, kakang mas ki sok ngina uwong, iya ora bakal bakyu kok nganti mrombèngake barang, wong priyayi brêgas mêngkono. Kajaba iku bakyu kuwi yèn ngandika pancèn bênêr bangêt. Rak saka emane karo Mas Nala. Wong Mas Nala kuwi nèk wis ngagêm cara Jawa, wah, brêgase, iya sausap bae karo gêgambarane Ariya Jipang ...

Garèng: Apa iya. Wis ta bune, ayo padha dandan, mêsakake adhimu kloron, wong wis kêraya-raya ngampiri mrene.

Petruk: Wah, kowe kuwi pancèn pintêr gawe lêrême wong padu, akne, e, Dhiajêng, Mami. Saiki banjur padha enggal-enggal lumêbu dandan. Nanging anggonmu ngalêm Kang Garèng mau rak iya mung lair bae ta, ora têkan ing ati, mêngko kowe gèk sir karo Kang Garèng.

Mak Kamprèt: Hla kuwi nèk pakne, pandakwane rak sing ora-ora bae. Kae

--- 1096 ---

rak iya Kangmase ta, mêsthine panganggêpku nyang kana rak iya kudu karo kakangku dhewe.

Petruk: E, ê-nèk.

Garèng: Priye, Bune Kamprèt, wis pantês aku apa.

Mak Kamprèt: Êmpun, êmpun Mas Nala, malah Ariya Jipang sanikine kawon. Wong miturut dêdongengane, ênggih kados Mas Nala niku, gambarane Jaka Tingkir.

Biyang Nala: Hara, kok banjur gêmbelengan lakune, wong dilulu kok iya ora ngrêti gumunku kuwi. Ora Dhi Petruk, kiyi mêngko nunggang apa.

[Grafik]

Gambar gapura Pasar Gambir.

Petruk: Iya mêsthi nunggang taksi, bakyu aja kuwatir, wong aku mêntas olèh bathèn sasayahe, pawitane mono mung nêm rupiyah, nanging tak sadhiyakake ana ing limang panggonan, lo, kuwi siji-sijining panggonan aku bisa narik limang rupiyah.

Garèng: We, hla wong sêmbrana, cêthane iki kowe mêntas bukak main nganti limang kalangan, sakalangane kowe bisa olèh cucuk 5 rupiyah. Wah, Truk, kae lo kabênêran ana taksi. Taksi - taksi - sèh, supir, pigi Pasar Gambir, ur.

--- 1097 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking Sêrat-Sêrat Kabar Sanès

TANAH NGRIKI.

Ama tikus. Wontên pawartos, tanêman pantun ing sacêlakipun kitha Kudus pinanggih katrajang ing ama tikus. Ing salajêngipun dados papriksaning Padgrèhpraja tuwin golongan ahli tanêman, salajêngipun badhe nindakakên rèrigên namakakên panulak.

[Grafik]

Pasar gambir. Inginggil punika gambar urubing dilah ing wanci dalu ing Pasar Gambir, nuju kacobi ing malêm Sabtu sadèrèngipun kabikak kangge umum.

Tatanan liburan. Miturut kêkancingan saking Directeur Departement Pangajaran, liburan taun 1935/1936 tumrap H.I.S. tuwin Schakelschool: a. liburan ing wulan siyam, wiwit 23 Novembêr 1935 dumugi 2 Januari 1936. B. Paaschvacantie 14 dintên, wiwit dintên Rêbo sadèrèngipun Paschen. C. liburan inggah-inggahan, laminipun 2 minggu, dhawah ing têngah-têngahing wulan Juli. Tatanan punika botên tumrap ing Bali Balige, Dolog sanggul, Timur salaladanipun, Ambon tuwin Minahasa.

Pamulangan luhur doktêr. Lulus candidaatsexamen perangan kapisan ing pamulangan luhur doktêr ing Bêtawi, Nyonyah Han Tjit Nio, tuwan-tuwan Lie Tiam Tjoei, Oey Eng Tie, Lie Soen Djian, R. Gambiro Prawirosudirja, R. Alimurti, K.A. van Praag, R. Arjono, Abu Izar, Asmara, Tjan Tian Hoo, R. Rukmana, Oey Jang Hwat, Sarwono, Lie Soen Kian, P. Kwee Hok Liang tuwin Oei Bian Liep. Lulus candidaatsexamen perangan kalih, tuwan-tuwan Sudarjo, Achmad Hidayat, R. Hazenberg, A.F. Van de Mark, Ong Teng Houw, Pouw Houw Djou, Sugandi tuwin Tjwa Djing Hwan.

Kuli ing Deli. Ing taun 1935 punika kathah kuli enggal ingkang kadhatêngakên ing Deli. Kintên-kintên wontên singkèk 3000 ingkang kadhatêngakên, kapapanakên nyambutdamêl wontên kabudidayan karèt tuwin sata. Malah ingajêng kawontênakên pranatan, kuli ingkang sampun wangsul mantuk, botên kenging nyambutdamêl malih, ing sapunika kakengingakên, tuwin kenging ambêkta kanca.

Wawasanipun bangsa Jêpan tumrap tanah ngriki. Admiraal Takeshita ingkang nembe wangsul saking tanah ngriki, apratela bilih mèh sabên toko wontên barang-barangipun Jêpan. Ingkang makatên punika, admiraal wau gadhah pamanggih, tumrapipun tanah ngriki taksih kenging dipun dèkèki bangsa Jêpan langkung kathah.

Dayaning suntikan pest. Ingajêng ing bab rêrigên nyêgah sêsakit pest, tansah dados onar, dening botên dipun cocogi ing tiyang kathah. Nanging sarêng sapunika wontên suntikan saking kawruhipun Dr. Ottenm têtiyang sami angajêngi. Dumuginipun sapunika têtiyang ingkang dipun suntik sampun wontên 800.00, kalêbêt ing wêwêngkon 19 distrik. Ing sapunika ingkang badhe dipun suntik malin taksih 246.000. Dene kanyatahanipun, sarêng wontên suntikan wau, sêsakit pest lajêng sirêp.

Salingkuh luwar saking sêrêgan. Tilas kaptin bangsa Tionghoa ing Banka, tuwan Bong Joen Kim, kala ing tau 1934 kasêrêg ing prakawis ing bab nyalingkuhakên arta f 60.000.-, ingkang adamêl kapitunanipun Paauwenveer ing Pangkal Pinang. Ing sapunika miturut karampunganipun Officier van Justitie ing Bêtawi, prakawis wau botên badhe katindakakên malih.

Kathah sêrat ingkang ical. Kantor post agêng ing Bêtawi kêrêp tampi wêwadul bab icaling sêrat-sêrat ingkang dipun lêbêtakên ing bus. Bab punika sarêng dipun satitèkakên kalihan pulisi, kasumêrêpan bilih wadhahing sêrat wau kêkêbakên, amargi kathah sêrat-sêrat cap-capan ingkang dipun lêbêtakên ingriku, anjalari sêrat-sêrat alit-alit botên sagêd mlêbêt namung mingip-mingip, gampil dipun pêndhêt ing tiyang. Ingkang punika pakaryan post lajêng damêl wadhah (bus) wontên kalih perangan, ingkang ngandhap kangge sêrat-sêrat cap-capan, ingkang nginggil kangge sêrat-sêrat limrah. Nanging cobèn-cobèn wau dèrèng dipun sumêrêpi lêrês dening ngakathah, pinanggihipun kados ingkang sampun kemawon.

--- 1098 ---

[Grafik]

R.M.A.A. Dhipokusuma seda. Kala malêm Rêbo kêpêngkêr, R.M.A.A. Dhipokusuma, Bupati ing Pati seda wontên ing griya sakit Suwondo ing Pathi, jalaran gêrah sampun sawatawis minggu. Ingkang Bupati suwargi punika kala jumênêngipun Bupati ing Batang wontên tanggal 13 Mèi 1913, sarêng kabupatèn Batang kasuwak, lajêng pindhah dhatêng Pati, punika salêbêtipun jumênêng Bupati tampi kanugrahan bintang Officier Oranye Nassau, songsong jêne tuwin bintang mas agêng. Ingkang Bupati suwargi wau ugi dados lid Commissie pasareaning kulaarga ing Wonosobo. Mugi rohipun ingkang seda, tinampiya wontên pangyunaning Pangeran.

Saya cêtha papriksanipun. Ing bab prakawisipun tuwan Mondt, ingkang kadakwa mêjahi tiyang, saya cêtha katranganipun, tiyang ingkang rumiyin selak, sampun sami ngakên.

Wana kabêsmèn. Kawartosakên, wana ing èrèng-èrènging rêdi Prau, sanginggiling dhusun Kaliturèn kabêsmi agêng-agêngan, ngantos têlas 60 ha. jalaranipun kakintên saking kirang ngatos-ngatos. Ing sadèrèngipun punika ugi wontên wana kabêsmèn ing èrèng-èrènging rêdi Sumbing. Ingkang kabêsmèn wontên 1000 ha. Pulisi ngudi katrangan.

Pangagêng babagan pakunjaran ing Philippijnen. Tuwan Paolino Santos, pangagêng babagan pakunjaran ing Philippijnen sampun dumugi ing Surabaya. Tuwan wau sampun nyatakakên kawontênanipun pakunjaran ing tanah Indu, Eropa tuwin Amerika, ing sapunika ing tanah ngriki. Tuwan Paolino Santos mratelakakên ing bab tumindakipun têtiyang ukuman ing Philippijnen dipun cakakên padamêlan têtanèn wontên sajawining pakunjaran, kenging kêmpal anak bojo, ngantos wontên tiyang 2000, wontên 25 ingkang wêdalan pamulangan luhur. Nanging sarêng katiti, ingkang sagêd nocogi dhatêng padamêlan wau namung wontên sapalih. Mila ing bab punika lajêng pados wawasan dhatêng tanah ngriki.

Mardi Guna majêng. Pakêmpalan Mardi Guna ing Surakarta sampun madêg dangu, kathah wohing kagunanipun, nanging tumrap ngamanca dèrèng katingal. Ing sapunika wontên pawartos, Mardi Guna sampun kalêbêt ing cathêtan golongan turistên. Ing sapunika Mardi Guna tamtu badhe saya katingal, awit sajatosipun tumraping para bangsa ngamanca badhe sagêd nyumêrêpi kawontênan ingkang adi-aèng lumantar saking Mardi Guna.

Mayor tiyang siti. R.M. Sugondo tuwin R. Sumoharjo, sami kaptin kaangkat dados mayor wadyabala ing tanah ngriki. Punika sampun kagolong pangkat luhur ing babagan militêr.

Dados Advocaat tuwin Procureur. Mr. Luat Siregar, kaangkat dados Advocaat tuwin Procureur ing Raad van Justitie ing Medan.

Titipriksa kasarasan ing tanah ngriki. Dr. Turner, asli saking Amerika, benjing salêbêtipun woulan Januari 1936 badhe dhatêng tanah ngriki. Doktêr wau utusanipun "World Federation of Education Associations" ing Amerika. Dene pêrlunipun badhe nyumêrêpi bab tataning kasarasan ing tanah ngriki. Dr. Turner punika lampahipun angubêngi donya.

Wowohan ing blèk. Sampun sawatawis wulan Ir. Merz ing Departement van Economische Zaken dhatêng Amerika, pêrlu nyatitèkakên ing bab pandamêling wowohan ing blèk. Ing sapunika ing Bêtawi wontên osik badhe damêl wowohan salêbêting blèk. Hoofdbestuur I.M.I.W. gadhah pamroyogi, supados têtanèn alit bangsa Walandi ing Batu supados ada-ada damêl wowohan salêbêting blèk. Ing salajêngipun Departement badhe paring panimbang.

Dhukun enggal. Ing Nganjuk wontên dhukun enggal nama tuwan Yusuf Purwaka, wêdalan pamulangan architect ing Bandung. Tuwan wau nindakakên padhukunan anjampèni tiyang sakit. Tiyang ingkang dhatêng jêjampi kathah sangêt. Jampinipun awarni toya limrah kanthi abên-abênan ingkang kapurih pados piyambak. Saking kathahipun tiyang ingkang dhatêng ngantos wontên ingkang sumaput, jalaran saking suk-sukan. Ing margi manawi badhe malêbêt wontên sêratanipun mungêl "sirêp". Dene manawi mêdal, mungêl "sujud".

Mèngêti adêging station Tugu. Ing tanggal 31 Augustus punika, int station Tugu ngawontênakên paargyan agêng-agêngan, mèngêti adêging sêtation sampun 60 taun.

Ngawisi bêrah ngamanca. Directeur van Justitie suka sumêrêp dhatêng para suka padamêlan, angawisi lêbêtipun bangsa Eropa dhatêng tanah ngriki ingkang badhe nyambutdamêl, ing sadèrèngipun angsal palilah saking Directeur Justitie. Murih botên damêl kapitunan, tumrap tiyang ingkang badhe mêndhêt damêlipun ing sadèrèngipun supados ngaturakên sêrat panuwunan rumiyin dhatêng pangagêng nagari. Sêrat panuwunan wau dipun kanthèni sêrat pitakenan ingkang sampun dipun wontênakên dening Directeur Justitie.

Ambachtsschool ing Bêtawi. Ingajêng Ambachtsschool ing kampung Jawa, Bêtawi, punika kangge tiyang siti. Ing sapunika wontên pawartos, Directeur pamulangan wau gadhah atur dhatêng Departement Pangajaran, supados kaparêng dipun lêbêti ing golongan Walandi Indo, kanthi pangajaran basa Walandi, dene tumrap tiyang siti, ingkang mangrêtos, ugi kenging ngangge basa wau. Miturut pawartos, panyuwun wau kaparêngakên.

EROPA

[Grafik]

Murinani blanja kacêngklong. Kados ingkang sampun kawartosakên ing sêrat-sêrat kabar, sasampunipun ing nagari Paris ngawontênakên tatanan nyêngkong blanja, wusana wontên rêrêsah, jalaran botên narimah blanjanipun kacêngklong.

Inginggil punika gambaripun têtiyang wontên margi agêng wêkdal nuju rêsah wau, kathah tiyang ingkang dipun cêpêngi.

--- 1099 ---

Wêwaosan

Wangsulipun Tarsan.

Piridan saking buku karanganipun Tuwan Edgar Rice Burroughs.

43.

Têtiyang cêmêng tansah sami ngêtutakên salampahipun Tarsan ngantos dumugi ing pagêr pojoking padhusunan ingkang ing ngriku wontên witipun agêng, ing kala punika Tarsan lajêng mêncolot kadosdene kêthèk kemawon, malembar-malembar dumugi nginggil ngantos botên katingal malih. Ingkang makatên wau adamêl cingaking têtiyang cêmêng saha lajêng sêsarêngan surak mawurahan. Lêt satêngah jam para têtiyang sami undang-undang supados Tarsan puruna wangsul malih, nanging sarêng botên wontên wangsulanipun punapa-punapa, ugi lajêng katilar bibar mantuk dhatêng griyanipun piyambak-piyambak.

Tarsan lajêng lumêbêt ing wana ngantos manggih wit-witan ingkang agêng ingkang kenging kangge tilêm. Inggih ing nginggil wit-witan wau Tarsan anggènipun tilêm, botên sawatawis dangu sampun kêpati.

Enjingipun ujug-ujug Tarsan sampun kasumêrêpan mancolot dumugi padhusunan. Ing sakawit têtiyang dhusun ngriku sami kagèt saha sêmu ajrih, nanging dangu-dangu sarêng sami sumêrêp bilih punika tamunipun ingkang dhatêng ing dintên ingkang kapêngkêr, lajêng anyasmitani suka pambage wilujêng kanthi bingahing manah saha lajêng sami gumujêng rame. Ing dintên punika Tarsan kalayan para prajurit cêmêng sawatawis, sami ambêbêdhag wontên ing wana sacêlakipun ngriku. Ing kala punika Tarsan ngatingalakên kaprigêlan utawi kadibyanipun ambêbêdhag, sanadyan namung ngangge dêdamêlipun têtiyang cêmêng wau, ngantos adamêl cingaking ngakathah, satêmah para têtiyang cêmêng sadaya sami angurmati tuwin sangêt angaji-aji.

Ngantos pintên-pintên minggu Tarsan lêrêm wontên ing padununganipun têtiyang cêmêng wau, lan salêbêtipun lêrêm wontên ing ngriku ugi kêrêp ambêbêdhag, lan angsal-angsalanipun, kewan ingkang agêng-agêng, kados ta: maesa danu, mênjangan, sebrah, punika namung kapêndhêt ulamipun, dene manawi angsal gajah, ingkang kamelik namung gadhingipun. Sanadyan dèrèng sapintêna dangunipun anggèning kêkêmpalan kalihan têtiyang cêmêng, nanging enggal sangêt Tarsan mangrêtos dhatêng basa, adat tuwin tatacaranipun têtiyang ingkang gêsangipun taksih sarwa prasaja wau, punapadene Tarsan anyumêrêpi, sanadyan bôngsa tiyang cêmêng ing ngriku punika taksih tiyang wanan, ananging sampun botên purun nêdha tiyang malih, malah gêla sangêt manawi nyumêrêpi wontên bangsanipun ingkang taksih doyan nêdha tiyang.

Busêli, inggih punika namanipun tiyang cêmêng, ingkang tansah dipun tutakên saha dipun tulungi dening Tarsan nalika badhe tinubruk ing singa barong, asring nyariyosakên dongèng-dongèng ingkang gêgayutan kalihan babadipun bangsaning tiyang cêmêng ing ngriku. Miturut cariyosipun, têtiyang cêmêng bangsanipun ing ngriku punika asalipun saking tanah ngriku sisih lèr. Ing ngajêng bôngsa wau kagolong santosa, nanging nuju satugilingsatunggiling. dintên ing ngriku kadhatêngan bôngsa sanès tukang sade rencang tumbasan. Sarana dêdamêlipun sanjata têtiyang ing ngriku kathah ingkang dipun pêjahi lan dipun boyongi, dene têtiyang ingkang sami dêdunung ing dhusun ngriku punika, sisanipun bôngsa ingkang kagolong agêng lan kiyat wau.

Salajêngipun Busêli anglajêngakên cariyosipun, makatên: Kula sakanca dipun bêbujêng kasamèkakên kadosdene bangsaning sato galak kemawon. Têtiyang mônca ingkang andhatêngi wau babar pisan tanpa wontên pangapuranipun. Anggènipun têtiyang mônca ambêbujêng kula sadaya wau, ingkang dados pangangkahipun, manawi botên kadadosakên rencang tumbasan, inggih badhe ngrêbat gadhing gêgadhahan kula sadaya, nanging limrahipun ingkang dipun angkah, inggih kalih-kalihipun pisan. Têtiyang jalêr bôngsa kula sami dipun pêjahi, dene para pawèstri sami dipun rèntèngi kados menda kemawon. Ngantos pintên-pintên taun anggènipun bôngsa kula ananggulangi panêmpuhipun têtiyang mônca wau, nanging dêdamêling bôngsa kula ingkang awarni jêmparing tuwin cêmpuling botên kiyat anandhingi dêdamêling mêngsah ingkang awujud têkên saha ingkang ngêdalakên latu tuwin barang landhêp ingkang ambêbayani sangêt, ngantos bôngsa kula rumaos kadosdene dipun saponi. Ing satunggiling dintên, nalika bapa kula taksih nèm, têtiyang mônca, inggih punika bôngsa Arab, dhatêng malih, nanging para prajurit bôngsa kula, saking katêbihan sampun sami sumêrêp. Salajêngipun Cowambi, inggih punika pangagênging bôngsa kula ing kala samantên, nuntên suka prentah dhatêng para karerehanipun sadaya, supados samia anglêmpakakên barang darbèkipun, sarta lajêng enggal-enggal samia kesah saking ngriku asêsarêngan kalihan piyambakipun. Piyambakipun nêdya ngirid kula sadaya angênêr mangidul ngantos dumugi ing salah satunggiling papan ingkang tiyang Arab botên sagêd manggihakên. Bôngsa kula sadaya inggih lajêng mituruti punapa pikajêngipun pangagêng wau. Amila kala samantên bôngsa kula inggih lajêng sami pangkat sarta ambêktani rajadarbèkipun piyambak-piyambak ing sagadhah-gadhahanipun, makatên ugi sami ambêktani gadhing-gadhing sêsimpênanipun. Lampahipun bôngsa kula wau ngantos pintên-pintên wulan laminipun. Kados punapa rêkaosing lampah tuwin panlangsaning manahipun, ing ngriki

--- 1100 ---

botên sagêd katêrangakên, awit lampahipun wau ingkang kêrêp ngambah wana grêng lan minggah rêdi ingkang anjulêg, nanging danguning dangu sagêd dumugi ing papan ngriki punika, lan sanadyan kêrêp kengkenan ngupados papan ingkang langkung sae, nanging mêksa dèrèng angsal.

Tarsan lajêng apitakèn: Salajêngipun têtiyang tukang pados rencang tumbasan wau, sapriki punapa dèrèng sagêd nyumêrêpi dhatêng papan pandhêlikan sampeyan samangke punika.

Busêli amangsuli: Kirang langkung sataun sapriki wontên têtiyang bôngsa Arab sawatawis tuwin para pangiringipun bôngsa Manyumah, apapagan ing margi kalihan bôngsa kula, ngantos kalampahan campuh, nanging bôngsa kula sagêd ngusir têtiyang wau, sarta sagêd amêjahi pintên-pintên. Ngantos pintên-pintên dintên kula sakônca sagêd angrundhuk lampahipun têtiyang Arab sakônca-kancanipun wau, saha sagêd amêjahi saking satunggal, ngantos kantun sakêdhik, nanging lajêng sami sagêg angoncati.

Salêbêtipun Busêli cariyos makatên wau, kalihan dolanan gêlangipun êmas galigèn ingkang dipun angge ing tanganipun kiwa. Tarsan katingal angawasakên gêlang ingkang kangge dolanan wau, nanging pikiranipun anglangut têbih. Kala punika Tarsan kèngêtan punapa ingkang badhe dipun takèkakên nalika sakawit dhatêngipun ing ngriku, ingkang botên sagêd kalampahan dening botên mangrêtos basanipun. Ngantos pintên-pintên minggu piyambakipun kasupèn dhatêng barang rèmèh ingkang awujud êmas wau, awit rikala samantên piyambakipun dados sato galak malih, dados pikiranipun inggih namung ambujêng bêtahipun ing dintên punika kemawon. Naning sarêng nyumêrêpi mas galigèn ingkang malerah punika, pikiranipun lajêng wangsul dadakan èngêt dhatêng kamanungsanipun, amila inggih lajêng gadhah pikiran kêpengin sugih. Pêpenginanipun dhatêng kasugihan wau, tuwuhipun inggih saking anggènipun kêkêmpalan kalihan manungsa sawatawis taun wau. Ing kala punika piyambakipun sumêrêp, bilih êmas punika agêng sangêt dayanipun, sagêd anggadhahi panguwasa, sarta sagêd andhatêngakên punapa ingkang dipun sêdya. Sarana nudingi gêlang êmas ingkang dipun angge dening Busêli, Tarsan lajêng pitakèn:

Barang jêne ingkang sampeyan angge punika, saking pundi angsalipun.

Busêli lajêng tuding-tuding ing prênah kidul wetan saha mangsuli makatên: Panggenanipun lampahan sawulan, bokmanawi malah langkung.

Tarsan: Punapa sampeyan piyambak sampun nate mrika.

Busêli: Dèrèng, nanging sawatawis taun ingkang kapêngkêr, nalika bapa kula taksih ênèm, wontên bôngsa kula ingkang sampun nate mrika. Salah satunggiling golonganipun bôngsa kula, ingkang pinuju ngupados papan ingkang kinintên langkung sakeca katimbang ngriki, ujug-ujug pêthukan kalihan satunggiling bôngsa, ingkang mangangge barang ingkang jêne-jêne makatên punika. Pucuking cêmpuling punapadene jêmparingipun, punika ugi mawi barang ingkang jêne-jêne punika, makatên ugi anggènipun olah-olah inggih mawi kêndhil ingkang kadamêl saking barang jêne-jêne kadosdene ingkang kula angge punika. Têtiyang wau sami manggèn wontên ing gubug-gubug ingkang kinubêngan ing tembok kandêl. Têtiyang ing ngriku wau bêngis sangêt, dèrèng nyumêrêpi sêdyanipun bôngsa kula awon utawi sae, ujug-ujug lajêng nêmpuh purun kemawon. Ing kala samantên cacahing bôngsa kula namung sakêdhik, ewasamantên mêksa nglawan nanggulangi panêmpuhing mêngsah wontên ing sapucaking rêdi sela alit. Sarêng sampun dalu, mêngsah wau lajêng sami wangsul mantuk dhatêng padhusunanipun malih. Sasampunipun bôngsa kula lajêng sami mandhap saking rêdi anuwèni mêngsah ingkang sami pêjah wau. Lan sasampunipun ambalèjèdi barang-barang panganggèning mêngsah, bôngsa kula lajêng têrus wangsul, ngantos sapriki lajêng botên wontên ingkang mriku malih. Têtiyang ing ngriku punika awon sangêt bêbudènipun, kulitanipun botên pêthak kados sampeyan, nanging inggih botên cêmêng kados kula, saha badanipun mawa wulu dhiwut-dhiwut kados bangsaning gorilah. Inggih saèstu, têtiyang wau awon sangêt, dene Cowambi bingah sagêd kesah saking padhusunan ngriku.

Tarsan lajêng apitakèn: Antawisipun têtiyang ingkang ngêtutakên Cowambi dhatêng padhusunanipun têtiyang ingkang anèh wau, punapa samangke taksih wontên ingkang gêsang.

Busêli amangsuli: Inggih taksih wontên, inggih punika Wasiri, ingkang samangke dados pangagênging dhusun ngriki punika. Kala samantên Wasiri wau taksih ênèm, sarta ngêtutakên lampahipun Cowambi, inggih bapakipun.

Dalunipun Tarsan lajêng takèn piyambak dhatêng Wasiri, ingkang samangke sampun katingal sêpuh. Wasiri lajêng nyariyosakên, bilih panggenan wau têbih sangêt. Nanging marginipun botên patosa rêkaos, lan Wasiri taksih cêtha dhatêng margi-marginipun wau. Salajêngipun dipun sambêti dongèng makatên:

Sadasa dintên kula sakônca lumampah turut lèpèn, inggih lèpèn ingkang nrêjang dhusun ngriki punika, lampah kula sakônca ngantos dumugi ing tuk ingkang wontên ing èrèng-èrènging rêdi inggil. Enjingipun anglangkungi pucaking rêdi, saha mandhap anjog ing lèpèn alit, ingkang lajêng dipun turut ngantos dumugi ing wana agêng. Ngantos pintên-pintên dintên kula sakônca tansah nurut lèpèn alit wau ingkang saya dangu saya wiyar. Salajêngipun dumugi lèpèn ingkang langkung agêng malih ingkang dados têmpuranipun lèpèn ingkang kula turut wau. Saking ngriku kula sakônca lajêng nurut lèpèn ingkang langkung agêng wau, ngantos dumugi sirahipun ing nginggil. Sasampunipun angsal kalih dasa dintên anggèn kula sakônca minggah mandhap parêdèn saha nilar padhusunan kula, lajêng dumugi ing èrèng-èrènging rêdi malih. Wontên ing ngriku lèpèn agêng wau sampun dados lèpèn alit. (Badhe kasambêtan)

--- 133 ---

Nomêr 34, taun V

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu.

Dhukun Pintêr (Dongèng)

[Asmaradana]

kasmaran sajroning pikir / sru kapengin ngikêt basa / dêdongengan sabisane / sanajan dongèng tan mingsra / nanging lowung kinarya / sêsambène thênguk-thênguk / timbang gagas ngômbra-ômbra //

kocap ana ratu luwih / sarirane bangêt lêma / utusan nimbali age / dhukun kang misuwur bisa / nênambani wong lara / tan antara prapta sampun / sri nata nulya ngandika //

hèh dhukun marma sirèki / sun timbali mring ngarsèngwang / ingsun midhangêt wartane / yèn sirèku bangêt bisa / ngusadani wong lara / marma mangko karsaningsun / arsa mundhut pitulungta //

supaya angusadani / marang sliraningsun mangkya / kapriye baya margane / supayane sliraningwang / enggale bisa kêra / ingsun borong mring sirèku / wit rasane tan kapenak //

dhukun sigra munjuk aris / dhuh gusti pêpundhèn kula / sangêt akarya sukane / de paduka sri narendra / ngarsakkên tur kawula / nging patik sajatosipun / sangêt tuna sêsêrêpan //

marma tur ulun samangkin / mugi tinêbihna duka / myang sêsiku sêsamine / sajatose slira nata / tan wontên usadanya / awit paduka sang prabu / sampun praptèng mangsanira //

kawan dasa dintên malih / paduka wus puput yuswa / têlas ki dhukun ature / sri narendra dupi myarsa / turing dhukun mangkana / sangêt duka jroning kalbu / dadya sru andikanira //

hèh dhukun wruhanirèki / lamun aturira dora / aywa takon dosa mangke / ingsun yêkti tan ngapura / marang gunging dosanta / sun ukum kisas sirèku / dhukun unjuke sandika //

anulya anyuwun pamit / lèngsèr saking ngarsa nata / umantuk marang wismane / kocapa wau sang nata / saklangkung putêkira / supe dhahar sare ngunjuk / sangêt ruditaning driya //

wusnya patang puluh ari / slirane sang nata kêra / nging datan dadi sedane / anulya utusan sigra / mring abdi panakawan / kinèn nimbali ki dhukun / tan antara sigra prapta //

sri nata ngandika wêngis / kaki dhukun wruhanira / iki wus têkan mangsane / tibaning ukumanira / sira kudu lêgawa / awit aturmu rumuhun / datan ana nyatanira //

ki dhukun aris mangsuli / dhuh gusti pêpundhèn kula / sampun kasêsa dukane / yêktose atur kawula / rumuhun mring narendra / mung supados jêng sinuhun / sêkêla sajroning driya //

wit sarira dalêm gusti / datan wontên usadanya / kajawi mung sungkawane / marma ulun [ulu...]

--- 134 ---

[...n] sapunika / dhèrèk karsa narendra / nadyan ulun praptèng lampus / datan garantês sarema //

kacarita sri bupati / duk myarsa tur kang mangkana / sangêt kapranan galihe / ki dhukun datan kinisas / nanging malah ginanjar / arta busana sapêthuk / dadoskên sukaning driya //

Sutarni.

p/a Ko. 3141 Ganoman - Matesih.

Paribasan kuna

Ana paribasan kuna, kang lèrège dadi wulang mênyang bocah. Nanging paribasan mau wêtune kaya kanggo ngêlèhake anak kang lali marang wong tuwa.

Ananing paribasan mau mangkene: takjuju kaya manuk tak kêmpit kaya wade. Pamalêsmu mangkono.

[Grafik]

Karêping paribasan takjuju kaya manuk, iku mindhakake pangemaning biyung marang anak, iku kayadene manuk angloloh anake, iku mung sarwa ngeman nganti lali marang awake dhewe, patraping panjuju kaya kang kacêtha ing gambar. Mungguh cêthane, iya patraping wong tuwa anggone anjaga marang panganing anak.

Dene: takkêmpit kaya wade, iku ngupamakake wong adol jarik (wade), tansah dikêmpit ora tau uwal saka awake, awit saka anggone ngeman utawa aja nganti kêna ing sabab. Tumraping biyung mênyang anak samono uga, anake tansah dikêmpit-kêmpit.

Yèn ngèlingi tindaking biyung marang anak kaya mangkono mau, kapriye upama anak ora ngrumasani. Awit golèka pangeman liya, ayake ora ana kang ngungkuli pangemaning biyung.

--- 135 ---

Nyênyumbu Manuk

[Grafik]

Wong nyênyumbu manuk iku dhêdhasare kudu sabar têmênan, awit pamardine kudu talaten bangêt. Sakawit manuk mau dikurung, suwe-suwe banjur kêna kanggo cul-culan.

Kang kacêtha ing gambar, wiwit dhuwur sisih kiwa, manêngên, sapisan, iku wujuding manuk kang wis kulina karo bandarane. Loro, saka kulinane, nganti kêna diajak cucup-cucupan, têlu, manuk milu ngêmatake suwaraning piano kang ditabuh bandarane. Dene papat, iku barêng wis kawong bangêt lan kulina ngrungu suwaraning piano, nganti ambarêngi ngocèh, kang rasane kaya ngrêngêng-rêngêngi.

--- 136 ---

Ulah Raga

Ing saiki tinêmu ing jamane wong ulah raga, wiwit bocah kang ana pamulangan lumrah, munggah-munggahe nganti tumêkaning wong tuwa, padha nindakake ulah raga. Ulah raga mau warna-warna, ana kang mayar ana kang nganti rêkasa.

[Grafik]

Tumraping bocah, ulah ragane mung mayar-mayaran, bangsaning ngulinakake obahing awak. Liyane iku tumrap bocah gêdhe utawa wong kang wis ngumur, tumindake ketok sarwa rêkasa, awit ulah ragane pancèn ora mayar-mayaran, kaya ta mlumpat dhuwur, mlumpat ômba, mlayu adoh lan liya-liyane. Ing gambar iki mujudake bôngsa Jêpan kang nuju ulah raga mlayu, kapetung wong kang mênangan dhewe ing bab malayu.

Dene kang luwih sumrambah bangêt, iku ora kaya putbal. Wah tinêmune ana ing jaman saiki kêna diarani ngêbaki jagad, mèh ing ngêndi bae, sanadyan ing desa-desa pisan, anggêr ana papane kang pluwa, adhakan ana cagak bal-balan.

Jalaran saka lumrahe mau, umume banjur aran dadi kasênêngan kang sumramah. Ing kalane ana bal-balan, akèh wong kang padha nonton, sadalan-dalan kang anjog ing panggonan bal-balan mau rêja bangêt.

Tumrap lêlakon kang tinêmu ana ing panggonan mau rêna-rêna bangêt. Ana wong kang durung wanuh dadi wanuh, ana kang wis kulina malah dadi sulaya.

Malah ana wong kang wis nyakot bangêt marang bal-balan, iku yèn nuju ana bal-balan, môngka ora nonton, gêlane ora kêna dikira-kira. Lan liya-liyane lêlakon kang bisa agawe guyuning wong akèh.

Samono dayane ulah raga.

--- [0] ---

Anggêsangakên Maesa Pêjah

[Sinom]

sinigêg ingkang carita / wuwusên gantya winarni / panêmbahan sampun lama / gènnya dalêm Landhoh nênggih / ing karya asasabin / kathahipun mung nêm bau / sabin Gudêr namanya / dadose dhêdhangkèl sabin / yèn nanêmi datan putus ing sadina //

ananging kuciwanira / panêmbahan tan darbèni / maesa ingkang kinarya / anggarap wau kang sabin / nuju enjang lumaris / panêmbahan karsanipun / angupaya maesa / anjajah desa akongsi / kapalantrah tan ana darbe maesa //

ingkang kêna tinumbasa / praptèng dhusun Losèk panggih / pêpitu wong mayu wisma / tinanya pamuwus aris / hèh bagus ingkang sami / mayu kula tanya tuhu / baya ngriki wontêna / janma sade mesa ugi / kula arsa numbas kêkalih kewala //

kang mayu wêngis saurnya / tan wontên sade ing ngriki / maesa amung sapala / kinarya bêtah sêsabin / kalamun dika apti / ing ara-ara kang kidul / nika wontên maesa / gêng dhamplak nging sampun mati / lamun arsa alapên tan mawi arta //

panêmbahan nulya mentar / mangidul arsa udani / saèstu wontên maesa / agêng nanging sampun lalis / dèrèng dangu katitik / kalangkung jêtung ing kalbu / eman mulat gêngira / sungu dhamplak angluwihi / yèn uripa saiba agêng arowa //

dyan pinriksa panêmbahan / anggung ginrayang waradin / kanthi pangunguning driya / eman têmên kêbo iki / dene gêdhe ngluwihi / sarta crapang sungunipun / bok bisa urip mana / eman têmên lamun mati / panêmbahan nênuwun maring Hyang Suksma //

asalat kalih rêkangat / amêpêt dènnya nutupi / sakèh babahan sasanga / supe wus kadya ngêmasi / ngêningkên tingal batin / maligi ing ciptanipun / datan liya maring Hyang / kang sipat rahman myang rakim / kang ngratoni kauripan ngalam donya //

tan liyan Allah tangala / kang karya bumi lan langit / ingkang nora jaman makam / kang sipat langgêng tan gingsir / saking panuwun mami / muga tinurutan ingsun / inggih panuwun amba / kalisa kang sampun lalis / kang supados sagêda gêsang aweta //

samana wontên antara / katrima dènnya mêmuji / ri saksa panêmbahan /Kurang satu suku kata: ri saksana panêmbahan. maesa dipun cêpêngi / singate kanan kering / cinablèk ambal ping têlu / lah mara atangia / lembon têmên gonmu guling / nulya kagèt maesa nglabèt buntutnya //

kèplèk-kèplèk kupingira / buntutipun jêthat-jêthit / mripatipun byar-êbyaran / andhangak sarwi angirig / panêmbahan nulya ngling / lah mara ngadêga gupuh / jênggèlèk kang maesa / jênggèrèng sarwi atangi / nulya ngadêg sampun gêsang kadya lama //

kawuwusa kang amulat / tiyang mayu pitu iji / muwus marang kancanira / wong ika kawasa yêkti / kêbo mati wus urip / ayo padha nuwun maklum / mau ngong sêntak-sêntak / gya muwus wong pitu iji / amurugi dhatêng ngarsa panêmbahan //

tiyang pitu aturira / galap-gangsul gih kiyai / kawula nuwun aksama / anêmbah lan ngasih-asih / kawula datan uning / dhatêng ing sampeyan wau / panêmbahan ngandika / nora dadi ngapa yêkti / wus jamake wong padon mêgat wikalpa //

Pêthikan saking cariyosipun: Sèh Jangkung, inggih cariyos Kêbo Landhoh.

Cariyos kina ingkang anggancarakên lêlampahanipun panêmbahan ing dhusun Landhoh, ingkang kagungan kalangênan maesa lawung, wacucalipun kangge srananing kaprawiran.

Rêginipun f 0.70.

Wêdalan - Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm.

--- [0] ---

Sêrat Panji Jayèngtilam

Anggitanipun Suwargi Radèn Ngabèi Rônggawarsita

Cariyos lampahanipun Sang Panji dipun dhustha ing ratu sabrang, Prabu Basunônda, badhe kapundhut mantu. Para kadang kadeyan madosi. Dèwi Côndrakirana, garwanipun Sang Panji, ugi madosi. Sang dèwi malih dados jalêr, jumêng nata wontên ing Bali.

Sang Panji kalampahan dhaup kalihan putri Parangkancana, Dèwi Nawangwulan. Radèn Wangsèngsari, rayinipun Sang Panji, ugi kapundhut mantu dhatêng Prabu Basunônda, kadhaupakên kalihan putrinipun ingkang nèm, nama Dèwi Purnamasiddhi.

Kacariyos, Sang Panji mirêng pawartos, bilih ing Bali wontên ingkang jumênêng nata, lajêng dipun lurugi. Ratu Bali kasoran yudanipun badhar dados Dèwi Côndrakirana.

Minôngka icip-icip:

ing ngandhap punika pêthikanipun. Nalika Dèwi Purnamasiddhi kasmaran dhatêng Radèn Wangsèngsari, lajêng utusan êmbanipun ngaturi sang rajaputra.

[Sinom]

sang dyah malih angandika / biyang sira ingsun tuding / iya maring sitibêntar / aturêna sêmbah mami / mring Radèn Wangsèngsari / poma dèn abangkit biyung / akarya sêsambungan / rapêt mrih aywa katawis / aturêna sulah ngong salaminira //

kongsi praptane ing mangkya / durung mêndha gênging wingit / ingsun suwuna usada / yèn dinangu lara mami / lara kêmbanging pati / anglut tuntungingtungtunging. jêjantung / kalamun amarêngna / tinjoa mring tamansari / dene lamun tinakonan mring wong jaga //

sira biyang angakua / utusan saking jro puri / dutane sang kasatriyan / kinèn nimbali kang rayi / êmban kalih wotsari / sandika ing aturipun / kalihnya nulya mêdal / datan kawarna ing margi / lampahira sampun praptèng sitibêntar //

amarêngi wus bubaran / kang samya bujanèng ratri / ni êmban dyan tinakenan / marang mantri ingkang kêmit / lah nyai wontên kardi / dene mijil dalu-dalu / sumaur kang tinanya / kula dutaning Sang Panji / pan tinuduh nimbali ing arinira //

Sang Panji Sinom Pradapa / kinèn umanjing ing puri / samana mantri kang jaga / datan ana maekani / êmban kalih wus manjing / unggyane sang radèn jungut / praptèng ngarsa manêmbah / ngandika Dyan Wangsèngsari / lah ta bibi baya dinuta sang nata //

dalu-dalu têka gita / umatur êmban kêkalih / sarwi umarêk ing ngarsa / ature abisik-bisik / dede dutaning aji / inggih kawula pukulun / kinèngkèn mring sang rêtna / Kusuma Purnamasiddhi / putrinipun sang nata ingkang taruna //

kinèn ngaturkên pratela / katur ing andika gusti / rayi tuwan sang lir rêtna / wus lami kabyatan kingkin / kakênan ing pawarti / sang nata ingkang pitutur / pêpoyan kathah-kathah / ing warna paduka inggih / rayi tuwan kasok karoban ing warta //

tumrêcêp maring wardaya / ing mangke kataman brangti / kang kacipta mung paduka / malah tajin dhahar guling / sangêt ing kataman gring / mila kawula ingutus / panggih dhatêng paduka / kinèn anuhun jêjampi / lawan malih ngaturan tinjo mring taman //

undhakan sastra miruda / mèsêm angandika aris / dhuh bibi paran mangkana / karsane sang rajaputri / têka minta jêjampi / pan ingsun dudu dhêdhukun / lan apa gêrahira / ni êmban umatur aris / gêrahipun rayi tuwan gêrah manah //

gêrah uyang gêrah prungsang / gêrah ngiyêng sabên ratri / gêrah êmar grah wiraga / gêrah anggèn prawan sunthi / nêdhêng gêrah birai / kayungyun tyas gêrahipun / mèsêm Sinom Pradapa / wasana ngandika aris / baya iku kang aran gêrah ubaya //

yèn mangkana karsanira / kudu asih ing kaswasih / matura ing sang lir rêtna / iya ingsun ananggupi / nanging bibi samangkin / gustinira sang dyah ayu / aparinga pratôndha / cihnaning sih kawlasasih / kang langsaran wastra muga dèn paringna //

lawan ingkang kasumêkan / kang maksih ingagêm sami / yèn karênan lumungsura / manawa sang dyah nuruti / ingsun iya nanggupi / ing sakarsane sang ayu / yèn tan mangkono iya / tan darbe sanggup wak mami / malah arsa miluyèng wana ngambara //

Botên badhe kêduwung cucul arta kagêm mundhut Sêrat Panji Jayèngtilam.

Sêrat Panji Jayèngtilam sadaya wontên kalih jilid. Sajilid rêgi f 0.70.

Wêdalan Bale Pustaka, Batawi Sèntrêm.