Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-10, #1805

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1935, #1805
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-01, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1483.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-02, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1484.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-03, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1485.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-04, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1486.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-05, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1487.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-06, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1488.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-07, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1489.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-08, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1490.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-09, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1491.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-10, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1492.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-11, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1493.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-12, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1494.

Ôngka 78, Rê Wa, 4 Rêjêp Jimakir 1866, 2 Oktobêr 1935, Taun X

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

Mintaraga

Nyariyosakên nalika Radèn Arjuna tapa wontên ing Indrakila, lajêng pininta sraya dhatêng Hyang Endra, kadhawuhan nyirnakakên raja danawa Prabu Niwatakawaca.

Sami-sami cariyos ringgit, Sêrat Mintaraga punika dipun sênêngi piyambak ing ngakathah. Para sêpuh sami kêsêngsêm dhatêng bab kasêpuhan. Para neneman sami kasêngsêm dhatêng pêprênesanipun tuwin ramening cariyos.

Minôngka icip-icip, ing ngandhap punika pêthikanipun:

[Dhandhanggula]

Mangkana Sang Parta matur aris / dhuh pukulun sêmbahing manuswa / pada bathara yêktine / katur jêng sang sinuhun / apan rêke pukulun ugi / sêmbahipun pun Parta / ênggène dumunung / ing mangke ing têmbeneka / sêmbahipun pun Parta datan lyan ugi / kang mumpuni ing sêmbah //

apan sêmbah manuswa puniki / kadi ta angganing tahên ika / ingkang umijil agnine / kang pama tahênipun / inggih pada bathara ugi / kang minôngka agninya / têmah manuswèku / pan tan kawasa anêmbah / myang amuji nênggih kawula puniki / lamun datan anaa //

sihing pada bathara sayêkti / pan jatining manuswa punika / kadi menyak upamine / apan menyak puniku / mêdal saking wong mutêr nênggih / dening ingkang minôngka / wong mutêr satuhu / sayêkti pada bathara / kang minôngka menyakipun kang upami / manuswaning bathara //

Sang Arjuna angastuti malih / byapi-byapaka têgêse ika / byapi wisesa têgêse / byapaka têgêsêsipun / kang misesa puniku nênggih / inggih pada bathara / karan mangkanèku / dening ta pada bathara / sarining cipta amisesa sayêkti / inggih pada bathara //

datan aganal kalamun pinrih / pada bathara tan moring agal / miwah ing ala ayune / karane mangkanèku / dening pada bathara ugi / langgêng ingkang akarya / jagade puniku / apan patine uripnya / lan langgênge orane manuswa iki / apan anèng ing karsa //

karsaning pada bathara nênggih / apan manuswa puniki uga / sakane miwah ulihe / mangke ing têmbenipun / saking pada bathara ugi / pinangkane duk ora / manuswa puniku / ngastuti malih Sang Parta / dhuh pukulun pama manuswa puniki / yèn arsa ngawasêna //

ing pada bathara ingkang yêkti / upama kadi angganing wulan / mimba madyaning wiyate / wontên gatha têtêlu / wadhah tiga punika ugi / kang satunggal si toya / awêning kalangkung / wadhah kang satunggalira / isi toya alêtuh toyanirèki / wadhah kaping tiganya //

kang tanpa isi toya satunggil / sami kadulu dhatêng kang wulan / yêkti wayangan wulane / yèn tumiba puniku / ing wêwadhah ingkang aisi / toya wêning punika / nyata yèn dinulu / têtela rupaning wulan / kang tumiba ing wêwadhah kang aisi / toya lêtuh punika //

wêwayanganing wulan kaèksi / ingkang tumiba anèng wêwadhah / ingkang alêtuh toyane / sami katingalipun / wêwayangan wulan anênggih / nanging datan têtela / sabab toya lêtuh / wondene ingkang tumiba / ing wêwadhah ingkang tanpa isi warih / tan wontên katingalan //

saking botên wontênipun nênggih / wêwayanganing wulan punika / dening wêwadhah suwunge / tanpa isi toyèku / môngka ing dumadi puniki / ingkang minôngka kanya / tahaning suksmèku / ingkang tumiba wêwadhah / toya wêning têgêse ingkang sujanmi / rahajêng manahira //

kang têtêp puji bêktinirèki / ing bathara dening kang tumiba / wêwadhah lêtuh toyane / manuswa kang puniku / ingkang rago manahirèki / kang arêp ora-ora / mring pênêd puniku / wondene ingkang tumiba / ing wêwadhah ingkang tanpa isi warih / manuswa kang mangkana //

ingkang mungkur batharanirèki / kang ngarêpakên marêgi pangan / kang aja kurang turune / ywa towong sahwatipun / nandhang nganggo ywa kurang malih / wong kang mangkono uga / sasat sato tuhu / sato mani namanira / têgêse sato mani puniku ugi / sato wênang pinangan //

karantêne manuswa puniki / botên kadi sami angulaha / maring ing yoga bratane / ya ta malih amuwus / Sang Arjuna malih ngastuti / pun Parta dhatêng pada / bathara satuhu / katêmu dening manuswa / yèn pada bathara kang nêmokkên ugi / punika sayêktinya //

kang wênang lawan kaidhêpnèki / pada bathara dening manuswa / yèn bathara sayêktine / kang mênangakên tuhu / lan kaidhêp têgêse nênggih / pukulun pan tan ana / pangawasanipun / ingkang kawula punika / tan lyan saking jêng pada bathara ugi / pinangkane punika //

Sêrat Mintaraga punika yasan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping tiga. Ing Surakarta.

Têtêdhakan saking Sêrat Kawi Arjuna Wiwaha, anggitanipun Êmpu Kano. Rêgi f [...]

Wêdalan - Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm.

--- [1229] ---

Ôngka 78, Rê Wa, 4 Rêjêb Jimakir 1866, 2 Oktobêr 1935, Taun X

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1,50 bayaran kasuwun rumiyin botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka ing sawingkinging kantor Palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Nênun

[Grafik]

Wanita ing Bali nuju nyambutdamêl nênun.

--- 1230 ---

Kawruh Sawatawis

Santun-sumantuning Dhawuh Pranatan Nagari Tumrap Karaton Dalêm Surakarta Adiningrat, ing Taun 1889-1916.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 76.

XXXVI. Bab songsongipun santana dalêm buyut saha canggah.

Ing taun 1900 nagari andhawuhakên pranatan waradin, wiwit kala samantên santana dalêm buyut saha canggah (grad III-IV) saking karaton, kakung putri sami katêmtokakên anggadhahi songsong minôngka têtêngêring santana dalêm wau, inggih punika tumrap buyut, songsongipun pêthak mawi sèrèt jêne praos, ingkang tumrap canggah songsongipun pêthak mawi kêndhit jêne praos.

Kajawi punika, santana dalêm wayah saha buyut, samôngsa kagungan putra, kadhawuhan lapur ing nagari, prêlu kainggahakên buku pèngêtan. Inggih wiwit kala samantên santana dalêm buyut saha canggah karaton mawi têtêngêr songsong lêstantun dumugi sapriki.

XXXVII. Bab sri nugraha

Èngêt-engêtan ing taun 1901, nagari tampi dhawuh saking karaton. Wiyosing dhawuh dalêm, paring sumêrêp, bilih kaparênging karsa dalêm Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, wiwit rikala samantên, badhe matêdhani ganjaran kanamakakên: Sri Nugraha, dhumatêng putra santana dalêm dumugi abdi dalêm agêng alit, ingkang sampun kawical sêtya sungkêm pangawulanipun dhumatêng karaton dalêm, utawi sampun kapetang lami pasuwitanipun botên gadhah kalêpatan. Wondene wujuding patêdhan dalêm sri nugraha wau, awarni songsong têtêngêring pangkat kalênggahan utawi andhap inggiling kaluhuranipun santana dalêm, makatên malih, samôngsa tilar donya pikantuk patêdhan dalêm waragad miturut pangkating Sri zugraha I, II, III, IV, dumugi pangkat V, ugi pikantuk layadan lampah nagari, priyantun panèwu mantri utawi prajurit. Wêkdal samantên nagari lajêng andhawuhakên waradin dhumatêng para abdi dalêm. Ganjaran makatên wau rikala sawêg tumindak sawatawis taun laminipun, sabên wontên priyantun utawi putra santana dalêm tampi ganjaran sri nugraha, anggèning ngêpyakakên punapadene nampèkakên songsong, maos kêkancingan sapiturutipun, wontên ing pandhapi pangagêngipun piyambak-piyambak, mawi pakurmatan utawi pasamuwan. Nanging pawingkingipun lajêng katindakakên wontên ing sanasumewa (pagêlaran) wêkdal pasowanan agêng anyarêngi dintên tingalan wiyosan dalêm taunan ingkang wicaksana, inggih punika tanggal kaping 21 wulan Rêjêb. Dados patêdhan dalêm ganjaran songsong sri nugraha punika ajêg têmtu wontên, pintên-pintêna katampèkakên sarêng sadintên ngriku kemawon. Lêstantun kalampah dumugi sapriki. Badhe kasambêtan.

P.K. 585.

--- 1231 ---

Jagading Wanita

Agêr-agêr tigan

Nuwun, bilih kêparêng kula badhe andhèrèk urun wudhu bab dhaharan sawatawis, inggih punika ingkang kasêbut nginggil, kula manah mathuk kagêm sêgêr-sêgêr ing wanci siyang, saya malih tumrastumrap. ing môngsa bêntèr makatên punika. Tandhanipun bapa kula piyambak manawi mêntas rawuh saking padamêlan, sadèrèngipun dhahar sêkul, ingkang kula ladosakên langkung rumiyin inggih agêr-agêr tigan wau, katingal bingah sangêt, malah ngandikanipun makatên: Wah iya kuwi gêndhuk panganan sing mathuk bangêt tumraping môngsa panas mangkene iki, minôngka tambane ngorong, dadi ora banjur kaduk ngombene, kang bisa anjalari kuranging mangan ... gage, agêr-agêre kuwi êndang prènèkna ...

Sagêd ugi sanadyan tumrap priyantun sanèsipun inggih makatên, bawaning môngsa katiga, langkung-langkung tumrap ing padunungan ingkang hawanipun bêntèr, kados ta Surabaya, Sêmarang, Batawi utawi sanèsipun ing papan pasisiran, ngadat ingkang karaos nikmat punika namung bangsaning unjukan, dados dhaharipun kapêksa suda, amila mênggahing pamanggih kula prayogi kadamêlna sêgêr-sêgêran bangsaning têtêdhan kasêbut ing nginggil wau. Wondene mênggah pandamêling agêr-agêr tigan makatên:

Mundhuta agêr ing toko, satunggal utawi kalih lonjor, punika dipun suwiri lajêng kaêkum ing toya tawa ngiras kangge ngumbah. Nuntên anggodhog toya akalihan gêndhis pasir, kakintên-kintêna piyambak bab lêginipun kaangkaha namung mônda-mônda, sabên agêr satunggal cêkap katoyanan kalih gêlas. Bilih toya wau sampun umob sapisan, agêr-agêr kum-kuman wau lajêng dipun pêrêsi kacêmplungakên ing ngriku. Sadanguning ngêntosi sêpuhing godhogan kasambia ngublak tigan, nanging tigan wau namung kapêndhêt jênenipun kemawon, pangublakipun cinampur kalihan puhan, sabên tigan satunggal puhanipun sagêlas. Dados rèhning agêr-agêr wau kalih, tiganipun inggih kalih iji, puhan kalih gêlas, katoyanan sakawan gêlas. Yèn pangublakipun sampun rampung, enggal kacêmplungna ing panggodhogan, latunipun sampun ngantos kagêngên, kaangkah namung ngintir-intir kemawon, pamrihipun supados puhan botên mêcah, unthuking rêrêgêd kasèrèhana kabucal, ing ngriku kasukanana panili sakêdhik minôngka gêgandan wangi, yèn panggodhogipun sampun katog, nuntên kaêntas, supados enggal asrêp prayogi kaêsok ing lèngsèr [lèng...]

--- 1232 ---

[...sèr] (wadhah) ingkang wiyar tur rêsik, wontên ing ngriku kalêrêmakên sawatawis dangunipun, panyèlèhipun ingkang ragi kiwa, supados botên oyag sabab kasenggal-senggol, awit yèn ngantos kaoyag-oyag, agêr-agêr wau lajêng nama kondhor (botên sagêd atos), sasampunipun asrêp lajêng dipun irisi awangun kuwih lapis, inggih punika kangge pasagi punapa ngèncèng-èncèng, mênggah agêng aliting irisan sakêparêngipun, waton tumraping sawangan sagêd angrêsêpakên. Punika lajêng winadhahan ing piring cèpèr, pandhaharipun mawi sendhok.

Namung samantên atur kula, bilih wontên tuna dungkapipun nyuwun gunging pangaksama.

Rara S. Sapeiyah. p/a K. 1815 ing Malang.

Jiyarah dhatêng Rêdi Murya

Rêdi Murya punika sanajan kapetang satunggiling rêdi ingkang inggil pucakipun, ewasamantên pucak rêdi Murya wau prasasat limrah dados ambah-ambahan sadhengah tiyang. Inggiling pucak rêdi Murya kirang langkung wontên 1500 m. Ing nginggil ngriku wontên satunggaling pasarean kasêbut pasareanipun Kangjêng Sunan Murya.

Miturut cêcariyosaning têtiyang kanan keringing panggenan ngriku, rêdi Murya punika anggadhahi pucak cacahipun sadaya wontên pitu, satunggal-satunggalipun anggadhahi nama piyambak-piyambak. Dene pucak pêpitu wau ingkang inggil piyambak inggih punika pucak ingkang kagêm sumare Kangjêng Sunan Murya.

Ramenipun tiyang jiyarah dhatêng ngriku ing dintên Jumuwah Paing. Têtiyang saking môncanagari kathah ingkang sami mrêlokakên dhatêng, malah sawênèh wontên ingkang sami dharat saking dhusunipun. Ingkang makatên wau jalaran kabêkta saking kapitadosanipun. Mênggah wontêning kapitadosan wau warni-warni, ananging ingkang anjalari ngantos kathah tiyang sami lumampah jam-jaman saking griyanipun punika jalaran saking kapitadosan ingkang nêrangakên makatên: sing sapa mantêp niyate nêja jiyarah mênyang Murya, iku kalumrahane ora bakal kanthi rêkasa mungguhing lakune. Yèn lakune lêstari bisa têkan panggonan kang disêja kanthi ora ngrasakake kêsêl, pratôndha bakal kabul panuwune.

Kados ingkang kasêbut ing gambar kar paresidhenan Rêmbang, Jêpara, rêdi Murya punika dados tapêl watêsing tigang kabupatèn: Kudus, Pathi lan Jêpara. Jalaran saking ramening tiyang kesah jiyarah ing dintên-dintên ingkang katêmtokakên saking panggenan têtiga wau, inggih wontên marginipun piyambak-piyambak, têrangipun tiyang sagêd mêndhêt margi sasênêngipun. Sadaya margi tiga wau pungkasanipun sami têmpuk gathuk dados satunggal ing dhusun Cala, inggih punika pungkasaning margi ingkang kenging dipun ambah têtumpakan. Dhusun Cala punika kalêbêt bawah Kabupatèn Kudus, têbihipun saking kitha Kudus kirang langkung wontên 18 km.

Murih cêthanipun kadospundi têtingalan sauru-

--- 1233 ---

[Grafik]

Pucaking rêdi Murya.

t margi saking lampah kula dhatêng Murya, ing ngriki badhe kula aturakên wiwit bidhal kula saking Sêmarang, sêsarêngan kalihan kônca ingkang nunggil pikajêng, pangkat kula sadaya saking Sêmarang mampir ing Dêmak sarta Kadilangu rumiyin.

Nagari Dêmak punika kalêbêt satunggiling nagari kina ingkang kathah cariyos lêlampahan ing jaman kuwalèn, kadosdene ing Cirêbon. Ing ngriku wontên mêsjidipun agêng kasêbut damêlan wali sanga, ugi dados papan panggenaning para wali jaman kina bilih sami prêlu rêrêmbagan. Kacariyosakên bilih salah satunggiling saka guruning masjid wau ingkang kadamêl tatal, mila misuwuripun mêsjid Dêmak punika anggadhahi saka tatal. Manawi dipun prêmanakakên saka wau pancèn beda damêlanipun tinimbang kalihan sanès-sanèsipun. Saka wau ingkang kadamêl tugêl-tugêlan balok, nanging dipun tata kados makatên ngantos sagêd anggadhahi kêkiyatan kangge nyanggi. Sarèhning kaanggêp nguwatosi, saka wau lajêng dipun balêbêt tosan dening ingkang wajib.

Ing sangajêng mêsjid kaprênah sisih kiwa lan taksih salêbêting pakawisan, ing samangke dipun êdêgi mênara tosan. Sampun têmtu bab wau adamêl wêwahing sawangan sakanankeringing panggenan ngriku.

Sisih têngên sawingkinging mêsjid ing ngriku dados papan panggenan sumarening para narendra sarta para lêluhur ing jaman karaton Dêmak (Bintara), kados ta: Sultan Dêmak I Radèn Patah (sasampunipun jumênêng nata jêjuluk Sultan Adil Surya Alam, utawi Sultan Sah Alam Akbar Sirullah Kaliphattul Rasul Amiral Mukmin). Lajêng Radèn Trênggana, Sultan Bintara III, makatên saurutipun tuwin garwa putra sarta santana. Dene capuri ingkang panjang piyambak malah mèh tikêl kalihipun kalihan sanès-sanèsipun punika pasareanipun Prabu Puntadewa Ratu Ngamarta ing jaman kuwayangan. Pasarean wau asring kapundhi-pundhi dening têtiyang kathah bilih sami jiyarah dhatêng mriku. Ing ngriku prasasat mèh sabên wêkdal katingal kumêluning mênyan kabêsmi, ugi tumpukan sêkar sarta borèh. Ramening têtiyang jiyarah dhatêng ngriku ing wulan Jawi Bêsar tanggal 10, ing dintên wau kitha Dêmak andadak lajêng dados rame jalaran wontêning têtingalan warni-warni sarta têtiyang ingkang sami sêsadean, malah tram S.J.S. sarta obobisotobis. sami ngawontênakên têtumpakan mirunggan.

Sasampunipun jiyarah dhatêng Dêmak, sakathahipun tiyang nêrusakên lampah dhatêng Kadilangu, satunggaling dhusun antawis satunggal pal saking kitha Dêmak, inggih punika urut margi ingkang dhatêng Purwadadi.

Ing Kadilangu para têtiyang sitinipun sami gêsang têtanèn. Ing ngriku wontên juru kuncinipun satunggal binantu para punggawa ingkang kajibah ngopèni pasarean ing Kadilangu. Dene ingkang sumare ing ngriku, inggih punika Kangjêng Sunan Kalijaga, ugi kasêbut Sèh Mêlaya.

Kangjêng Sunan Kalijaga punika rikala timuripun asma Radèn Said, putranipun Tumênggung Wilatikta ing Tuban, lan taksih kaprênah sadhèrèk kalihan Sunan Bonang, wali sêsêpuhing jaman tanah Jawi pêcak sapisan, ingkang nyêbar agami Islam. Badhe kasambêtan.

R. Bratawinata.

--- 1235 ---

Pawartos Sanès Praja

Pasulayanipun Itali kalihan Ngabêsi

Ubat-ubêting prakawisipun Itali kalihan Ngabêsi katingal mawi ngungkat-ungkat lêlampahan ingkang sasampunsampun. kêpêngkêr, inggih punika kala jaman malêbêtipun daya Eropah ing tanah Aprikah. Panyêrêgipun Itali dhatêng Polkênbon, amastani bilih Ngabêsi punika botên jujur, malah pinanggihipun lajêng mrèmbèt angèngingi dhatêng nagari sanès.

Ingkang kasêbut ing sêrêgan wau, anggèning Itali mastani dhatêng lêpating Ngabêsi, kanthi pasaksèn warni-warni, malah kêladukipun amastani bilih Ngabêsi punika dèrèng kenging kagolongakên nagari ingkang sampun nyêkapi kasusilanipun, punika sagêd nitik saking pinanggihing lêlampahan ingkang sampun kêpêngkêr dangu.

Têrangipun, ing ngajêng sampun nate wontên padhamènipun Mêsir kalihan Ngabêsi, Mêsir têtêp anggadhahi panguwaos wontên ing pasisiripun lèr Somaliland. Nanging kala samantên Mêsir botên migatosakên dhatêng bab panguwaos wau, Itali lajêng sagêd ngêbroki ing Massaua tanpa pambêngan.

Ing bab punika Inggris inggih lajêng gadhah tindak makatên, wontên ing Berbara tuwin Zeda, makatên ugi Prancis inggih lajêng ngêbroki Jibuti. Ing bab punika Ngabêsi lajêng tuwuh ing manah nyêrêg dhatêng lêbêting panguwaos Inggris tuwin Prancis wau, nanging botên kasêmbadan. Ingkang makatên punika, Itali lajêng ngrumaosi, bilih anggènipun wontên ing ngriku punika sampun sah, nanging tumraping nagari sanès anganggêp botên.

Ing salajêngipun, Ngabêsi nganggêp bilih anggèning Itali anggadhahi jajahan ingkang wontên ing ngriku punika inggih botên sah, wusana lajêng tuwuh pêpêranganipun Itali kalihan Ngabêsi kala ing taun 1888, inggih punika pêrang ingkang wiwitan, nanging Ngabêsi lajêng kêsandhung ing bab sanès, dados nama botên unggul. Ingkang makatên punika Itali gadhah raos pandakwa bilih tindakipun Ngabêsi punika angsal panggosoking sanès, lan malih ing sêmu angunyêri Inggris.

Dangu-dangu Itali gadhah panguwaos malih wontên tanah Ngabêsi, nanging ugi dados pasulayan malih, ing ngriku Itali kawon juritipun. Kados makatên andharanipun sawatawis ing bab wiji pasulayanipun Itali kalihan Ngabêsi.

Ing salajêngipun bab punika dados kalajêng-lajêng, wontên-wontên kemawon sabab ingkang thukul. Dene katingalipun ing sapunika, Itali nêdya botên badhe angunduri sêdyanipun, kados ingkang sampun kacariyosakên ing Kajawèn, Itali puguh anggènipun botên angajêngi dhatêng panimbanging juru pamisah, kosokwangsulipun dipun ajêngi dening Ngabêsi sadaya. Dados manawi makatên, Itali badhe uwal saking Polkênbon, dene Ngabêsi malah dipun ayomi dening Polkênbon.

--- 1236 ---

Nanging Itali inggih taksih purun anggadhahi panêdha, minôngka kangge ambobot dhatêng mêngsah, saha manawi dipun pituruti, Itali badhe ngundurakên wadyanipun saking tanah Aprikah wetan. Panêdhanipun wau: 1 Itali nêdha laladan langkung jêmbar tinimbang rumiyin, 2. Sêsambêtaning prêlu ing lautan kalihan Ngabêsi, kêdah nglangkungi Erythrea. 3 Wadyabala Ngabêsi kêdah sèlèh dêdamêl, tuwin panataning wadyabala kêdah kapasrahakên dhatêng Itali. 4 Laladan ingkang dipun sukakakên dhatêng Itali kêdah anyêkapi jêmbaripun, supados Erythrea sagêd dados satunggal kalihan Somaliland.

[Grafik]

Sang Prinses Shorraget ing Addis Abeba nuju mêdhar sabda ing bab badhe wontênipun tatanan Roode Kruis.

Panêdhanipun Itali ingkang makatên punika botên baèn-baèn, tuwin pikantukipun namung sarwa badhe damêl botên sakecanipun Ngabêsi. Mênggah wosing kajêngipun botên sanès, namung badhe nêlukakên Ngabêsi tanpa pêrang.

Ing bab punika Ngabêsi inggih purun mituruti, nanging gadhah panêdha gêntos, 1 Ngabêsi purun masrahakên laladan Ogaden, nanging nêdha lintu margi dhatêng pasisir, 2. purun masrahakên laladan Tigre dhatêng Itali, nanging nêdha bayaran arta kropyok, 3. badhe ambikak ekonomi Ngabêsi tumrap dhatêng nagari pundi kemawon, kanthi adhêdhasar ngadil, 4. angewahi sawarnining tatanan, kanthi juru panimbang ingkang dipun têtêpakên dening Nata Ngabêsi. 5. Nindakakên ewah-ewahan enggal, tumraping pulisi tuwin tatanan nagari, 6. watês Ngabêsi dipun damêl ingkang cêtha, kasantosanipun dipun tanggêl dening Inggris, Prancis tuwin Itali. 7. Supados tumindakipun Ngabêsi anggènipun botên milih golongan sanès, tuwin botên kêbônda dening sintên kemawon, katanggêl [katang...]

--- 1237 ---

[...gêl] dening nagari têtiga wau. 8. Supados Ngabêsi dipun sukani sambutan arta saking nagari pundi-pundi, kanthi wawasanipun Polkênbon, ingkang mikantuki dados kamajênganipun Ngabêsi.

Mirid kawontênaning panêdha-panêdha wau, sami damêl raos ingkang sarwa botên sakeca tumrap kalih pisan, dados lôngka badhe kalampahanipun.

Ing salajêngipun kawartosakên bilih Nata Ngabêsi sampun napak astani sêrat katêtêpaning pêrang. Sêrat dhawuh wau tumindak sabibaring wilujêngan nagari. Dhawuh wau mratelakakên, sadaya bôngsa Ngabêsi supados sami sikêp dêdamêl, saha nglêmpaka dhatêng panggenaning pangagêng.

Kajawi punika Nata Ngabêsi dhawuh dhatêng têtiyang ingkang sami botên nyambut damêl, gunggung wontên tiyang 10.000 supados sami sowan dhatêng ministêr paprangan, sami mratelakna namanipun.

Sayêktosipun tumrap Ngabêsi punika katingal anggènipun taksih dipun rèmèhakên, kakintên taksih kêkirangan dêdamêl. Mênggah nyatanipun botên, punika sagêd nitik sarêng Ngabêsi sampun badhe tumindak ing damêl yêktos, ing sabên dintên andilir dhatênging pirantos-pirantos pêrang ingkang kabêkta dhatêng Addis Abeba tanpa kêndhat, punika denedede. lêbêting dêdamêl ingkang nyamar. Miturut petangan, wiwit kala wulan April, lêbêting dêdamêl ingkang asli saking Jibuti sampun wontên 1200 ton.

Manawi angèngêti kawontênanipun ingkang kados makatên punika, saèstu damêl cingakipun ingkang badhe mêngsah. Makatên ugi tumrap ingkang badhe mêngsah wau, inggih punika Itali, lajêng katingal bilih pramukaning praja, Sang Mussolini ragi rangu-rangu, dening kathah sabab-sabab ingkang raosipun nyuda dhatêng kaluhuran.

Mirid lêlampahan ingkang pinanggih, pasulayan punika kados-kados kathah sandenipun.

Bikakan Cangkriman Camay

Awit saking panêdhanipun para lêngganan Kajawèn sawatawis, supados Kajawèn ngêwrat para ingkang sami angsal ganjaran cangkriman Camay.

Pambikaking cangkriman wau wontên ing kantor Hagemeyer & Co. ing Batawi. Ingkang ambikak Tuwan Soetan Pamoentjak Adj. Taalkundige Volkslectuur, saha dipun sêksèni dening:

Mej. F. den Hartog. toewan J.H. Middeldorp, Toewan P.J. Bylmer.

Ingkang angsal:

Prijs no. 1 Mariana, Kota Lawas Solok S.W.K.

Prijs no. 2 Bachtian, Djalaloedin Balai Tengah Fort vd. Capellen.

Prijs no. 3 Atmowasito v.o. Glempanglor, Maos S.S.

Prijs no. 4 Mohamad Tahir, Douane agent, Tandjoeng Poera S.O.

Prijs no. 5 Nitiprawiro, Kg. Petodjo Entjelek Gg. III no. 58 Batavia-C.

Prijs no. 6 Iskandar, Krommeweg 41 Soekaboemi.

Prijs no. 7 Atmowihardjo, Gadean Djawa Pedan Post Pedan.

Prijs no. 8 Karona Haltechef D.S.M., Station Pabatoe Tebing Tinggi S.O.

Prijs no. 9 W.P. Umboh, Talawaan-Tonsea Manado.

Prijs no. 10 M.S. Satiadhi p/a V.O. Maliber, Lebakwangi Koeningan.

--- 1238 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Bab A.S.I.B.

III.

Garèng: Iya jalaran saka anggone bangsane dhewe kiyi bêkti lan wêdi marang panggêdhene mau, mulane aku cocog karo sabab kang nomêr têlu, yaiku: lumêbune dhuwit mêsthi bisa akèh, saupama panggêdhe kang duwe ada-ada. Nanging sabab kang ôngka 1 lan ôngka 2, yaiku awèh tuladha marang bawahe supaya padha wêlasa marang sapadhaning umat, sarta supaya aja mikir mênyang kabutuhane dhewe bae, nanging kudu mikir nyang kaprêluan umum, hla, iki atiku sing durung srêg, awit lumrahe sing tak sumurupi cara-carane anglumpukake dhuwit kuwi mangkene:
Ing kutha upamane banjur dianakake pasar malêm, biyasane wong cilik iya mung diprentahi mangkene: besuk anu ing kutha arêp ana pasar malêm, tongtonane rupa-rupa, tur apik bi-ya-ngêt, kônca-kônca ayo padha nongton kabèh. Ing sarèhne wong cilik iku bêkti lan wêdi marang panggêdhe, wong iya didhawuhi mas lurah, apa manèh yèn dièmbèl-èmbèli: dhawuhe ndara wêdana, aja manèh diprentahi nyang kutha, kathik nonton pasar malêm, oraa sêmranthal, wong diprentahi nuntun sapine nganti pirang-pirang pal, tanpa olèh liru apa-apa, malah sok kelangan, dupèh ana dhawuhe kangjêng tuwan dhoktêr kewan, iya dilakoni ...

Petruk: Wiyah, lêlakon jaman sing wis mambu kuwi ora prêlu dièmbèt-èmbèt, Kang Garèng. Dhèk biyèn mula iya sok mêngkono, kangelane wong cilik kuwi sok ora digalih, pathokane mung: prentah kudu dilakoni, nanging nèk saiki wis ora mangkono ...

Garèng: Lo, aku ora arêp ngèmbèt-èmbèt marang jaman sing uwis-uwis, mung arêp nyatakake yèn mênyang wong cilik kuwi mung sok main prentah thok bae, tanpa nganggo ditêrang-têrangake sababe, kaya ta: pakarangan kudu dipagêri nganggo anu nganggo anu, yèn sajêrone samene dina durung ditindakake, kudu dirolake. Ing kono arang bangêt sing nganggo ditêrang-têrangake mungguhing prêlune, anane mung: diprentah thok bae. Mêngkono uga nglumpukake dhuwit, kuwi lumrahe iya mung sok diprentah anu anu ngono bae, ing bab prêlune kudu anu anu mau, mung luwèh bae. Gèk saikine, ngêndi sing diarani: panggêdhe paring tuladha mêngkene utawa mêkothên, yèn wonge cilik ora wêruh barang-biring.

Petruk: Iki dudu salahe panggêdhe, Kang Garèng, mêsthine panggêdhe iya ora bisa yèn kudu [ku...]

--- 1239 ---

[...du] maringi dhawuh marang siji-sijining wong sabawahe kabèh. Nanging priyayi sorsorane têmtune rak iya wis dingandikani mungguhing prêlune. Sabanjure iya priyayi sorsorane sing kudu mratakake. Dadi upamane bae bupati marang para wêdanane, wêdana nyang para asistèn wadana bawahe, banjur asistèn nyang lurah-lurahe, mêngkono sabanjure. Dadi sing dadi panggêdhe pancèn iya wis nêtêpi kuwajibane. Dene ngisor wusanane ora padha wêruh munguh prêlune prentah-prentah mau, kuwi dudu salahe panggêdhe, nanging salahe ...

[Grafik]

Garèng: Iya wis, iya wis, priyayi sing cilik-cilik, wis, sing salah. Wèh, cilaka-cilakane uwong kuwi mula iya dadi priyayi cilik, bayare sathithik, lungguhe nyang dhingklik, kathik moglak-maglik, têgêse: nèk ora kabênêran, sing ngisor gêdumêlan, sing dhuwur ngacungi kêpêlan, dadi iya langganan kojur ajêgan, ewasamono yèn ana sudan balanjan ...

Petruk: Wis, wis, Kang Garèng, kok banjur sing-sing kang dirêmbug mêngkono. Saiki padha ambalèni rêmbugane ing ngarêp, yaiku ing bab adêge pakumpulan A.S.I.B. Kaya sing wis tak kandhakake dhèk anu, sing kagungan ada-ada ngêdêgake pakumpulan mau, kangjêng nyonyah bêsar, lan sêdyane arêp paring pitulungan marang bangsane dhewe sing mlarat, lan sing wajib kudu ditulungi.

Garèng: Sêdyane pakumpulan kiyi pancèn iya bêcik bangêt, lan aku kabèh iya wajib matur sèwu sêmbah nuwun marang kangjêng nyonyah, dene nganti samono anggone krêsa mênggalih marang bangsaku kiyi. Ing sarèhne kangjêng nyonyah bêsar sing kagungan ada-ada, aku prêcaya yèn para luhur sajagade dhewe kiyi mêsthi padha cocog kabèh, sanadyan ora disalirani piyambak, nanging kangjêng nyonyah kangjêng nyonyah sarta bêndara radèn ayu bêndara radèn ayu mêsthi padah krêsa ambantu kabèh mênyang krêsane kangjêng nyonyah sing mula iya luhur lan utama bangêt mau, sarta aku uga pracaya, yèn ora suwe manèh pakumpulan A.S.I.B. mau mêsthi banjur sugèh dhuwit, kang tumuli bisa nindakake apa kang dadi sêdyane, sabab para kangjêng nyonyah lan bêndara dèn ayu mau ing nagarane piyambak-piyambak mêsthi padha giat anggone padha nglumpukake arta, lan ing sarèhne ing wusana siji lan sajiningsijining. panggonan padha jor-joran akèh-akèhan olèh-olèhane, wis mêsthi dhuwit sing mili mênyang pakumpulan mau, sur, sur, sur, têrusan bae, kaya lèdhêng sing bocor kae. Ewasamono Truk, aku kok mêksa samar, dhing. Sing tansah dadi pitakon ana ing sajêroning [sajê...]

--- 1240 ---

[...roning] sanubariku, gèk dhuwit mau ing besuk apa iya bisa ditanjakake kayadene sing dadi sêdyane ing ngarêp, karêpe: tumanduke dhuwit mau, ing besuk apa ora bakal salah wèsêl.

Petruk: Lo, kowe kuwi têka sêmbrana mêngkono, sajake têka kayadene ora prêcaya marang para luhur, para jamhur, sing padha tumandang gawe ing wêktu saiki kiyi. Wêruha, Kang Garèng, para luhur sing padha tumandang gawe anglumpukake dhuwit kiyi, rata-rata garwane para luhur, sing blanjane sathekruk bangêt, dadi para luhur sing wis luwar saka jaman malèsèt iki, ana kok dakwa yèn ing wusana anggone nanjakake dhuwite bisa uga salah wèsêl.

Garèng: Hara, kok banjur andakwa aku sing sawiyah-sawiyah mangkono. Aku mung ngandhakake: bisa uga salah wèsêl anggone nanjakake dhuwite, kuwi durung kinaryèn sing salah para luhur sing padha anglumpukake dhuwit, utawa para sing nanjakake ing mêngko, sing salah rak bisa uga aturan lan pranatane. Padhane kowe lagi anu kae. Karêpmu: ing jêro ngomah kuwi kudu rêsik, kudu gêmrining. Nanging barêng ana kadayèn apa-apa, sapa saiki sing kok salahake, apa iya bojomu, apa iya wong ing omah kono liyane, nalika anakmu Si Kamprèt brangkangan ujug-ujug banjur ... nêlèk ana ing meja tulis. Apa iya Kamprèt sing arêp kok salahake.

Petruk: Nèk Si Kamprèt iya ora kêna disalahake, awit wong iya jênêng isih bocah bangêt, dadi iya durung duwe pangrêtèn, mêsthine iya ora ngrêti marang apa sing mêntas ditindakake mau.

Garèng: Arêp nyalahake Mak Kamprèt babarpisan, rak iya ora kêna ta, Truk, awit sapa wêruh, ing kala samono bokmanawa Mak Kamprèt lagi ribut nindakake pagawean liya-liyane. Nanging sing pantês disalahake pranatane. Bocah kuwi kudune tansah diawasake lan diawat-awati, aja mung di: cul ngono bae. Nèk bocah brangkangan, kuwi kudu tansah ditut lan diawasake, yèn bocah katon: plênat-plênêt sajak Gathotkaca anggêrêng, iya kudu enggal-enggal dicemot, dipapanake ênggon liya. Mêngkono uga yèn arêp nanjakake dhuwit mau, kudune iya dianani pranatan sing cêsplêng têmênan. Kêpriye mungguh bêciking pranatan, êmbuh ora wêruh. Nanging sadurung-durunge aku kêpengin nyaritakake cara ananjakake dhuwit pitulungan marang wong-wong kang wajib ditulungi cara jaman biyèn, Truk. Hla, karêpku, ambok cara jaman biyèn kuwi aja nganti têmular nyang pakumpulan A.S.I.B.

Pawartos Saking Rêdhaksi.

Rêdhaksi asring tampi pitakenan bab pènsiun utawi wahgèl. Pitakèn wau inggih dipun wangsuli saprêlunipun, sarèhning bab pènsiun sarta wahgèl punika sampun dipun andharakên ingkang langkung panjang wontên ing Volksalmanak Djawi 1936, dados manawi taksih wontên ingkang mundhut priksa bab kêkalih wau, samangke botên badhe dipun wangsuli malih, namung dipun prayogèkakên maos piyambak ing Volksalmanak. Ing ngriku para maos têmtu manggih katrangan ingkang marêmakên mênggahing pènsiun sarta wahgèl, miturut pranatan lami tuwin miturut pranatan enggal.

--- 1241 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKI.

Mardi-Wanita ing Lasêm. Ing pundi-pundi panggenan sampun kathah sangêt adêging pakêmpalanipun para wanita, ngantos kados thukuling jamur trucuk. Para wanita ing Lasêm ugi botên purun kantun. Wiwit nalika wulan Mèi taun 1932 para wanita ing Lasêm sami ngêdêgakên pakêmpalan nama: "Mardi-Wanita". Wondene tujuanipun sami badhe ngrakêtakên anggènipun sadherekan, wulang-winulang bab ngrenda, nyulam, mênjait, olah-olah lan sanès-sanèsipun. Mugi-mugi adêgipun pakêmpalan wau pinaringan subur lan wilujêng. (K. No. 2895).

Umbul tiban. Pambantu Kajawèn martosakên, ing dhusun Dalêman, ondêr dhistrik Baki, Surakarta, wontên sêndhang toyanipun tuk santêr, bêning, manggèn ing èrèng-èrènging siti padhas, ujaripun tiyang kathah mastani sêndhang tiban, nanging karaning ngakathah mastani umbul tiban. Bab punika sampun dados kalimrahan, lajêng kathah tiyang ningali, sabên dintên ngantos atusan. Kacariyos toyanipun kenging kangge jampi. Kajawi punika ugi lajêng tuwuh pawartos bab dhatênging umbul wau sarana kaelokan ing salêbêting pangimpèn. (S.W.).

Ngrikatakên lampah. Miturut pawartos, benjing tanggal 1 November lampahing S.C.S. saking Sêmarang dhatêng Cirêbon badhe karikatakên, tinimbang sapunika.

Nglalu pêjah jalaran judhêg. Ing Bêtawi wontên tiyang èstri nama Sani, asli saking Bogor. Dhatêngipun ing Bêtawi pêrlu ngumbara pados têdha, nanging botên sagêd angsal panggêsangan. Saking judhêging manah, Sani lajêng nekat nyêmplung lèpèn Ciliwung sacêlakipun Kwitang. Nanging tindakipun Sani wau kasumêrêpan ing tiyang, lajêng dipun tulungi ing tiyang kathah, salajêngipun kabêkta dhatêng griya sakit.

Bab tindakipun bangsa Mappi. Anyambêti pawartos ingkang sampun, wontên bangsa Mappi, Nieuw Guinea kintên-kintên cacah 700 ambêkta baita 100 sami dhatêng ing Digul, pêrlu pados sirah tiyang. Wontên ing Ungu sampun sagêd nigas tiyang 3, jalêr 2 èstri 1. Salajêngipun nêmpuh têtiyang ing Imahui, sami nuju pados ulam, nanging sami sagêd oncad, namung 1 kêcêpêng, ugi katigas. Sanès dintên mangsa Mappi wau sagêd ngêpang pondhokan veldpolitie ing Benumepe, nanging kenging kaundurakên sarana sanjata. Têtiyang Mappi wau kesahipun nilar baita 28, ing lêbêt baita isi sirah tiyang 4, dêdamêl warni-warni tuwin bayi 3. Ingkang wajib lajêng tumindak kêncêng, badhe nyirêp rêrêsah punika.

Tanêman pantun ing Cirêbon. Awit saking wontêning pabrik gêndhis ingkang sami katutup, anjalari wêwahing tanêman pantun. Nanging ing mangsa punika kirang jawah, utawi katrajang ama tikus. Ing Cirêbon punika pancèn pasabinanipun ragi awis toya, mila bab tanêman pantun gadu ragi kirang. Mila sarêng kawontênanipun ing sapunika kados makatên, sagêd ugi badhe anjalari kiranging panenan.

Gungunging ukuman ingkang langkung kathah. Pangadilan adat ing Majene Makassar, sampun angrampungi prakawisipun dakwa 14, sami kalêpatan damêl arta palsu. Tiyang samantên wau sami kokum sadaya, wontên ingkang kaukum kunjara 2 ngantos 15 taun, sadaya gunggungipun wontên 186 taun. Dene tumrap têtiyang ingkang namung ambiyantu, badher kapriksa sanès dintên.

Film Kulonprogo. Awit saking kajêngipun B.P.M. tuwin saking kajêngipun Tuwan v.d. Koppel, pangagênging Handelsmuseum ing Bêtawi, rumiyin nate damêl film pakaryan ing Kulonprogo, Ngayogya. Ing sapunika film wau sampun dados. Sanès dintên badhe kapitongtonakên wontên Gupêrnuran Ngayogya.

Inggah-inggahan. Kasêbut kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Wetan, Radèn Machmud, adjunct regentschapssecretaris Probolinggo, katêtêpakên dados wd. regentschapssecretaris 1e klas Lumajang, sami Paresidhenan Malang. Mas Sabardiman, mantri Kabupatèn Jombang, Paresidhenan Surabaya katêtêpakên dados tijd. wd. adjunct regentschapssecretaris Probolinggo. Mas Murad Joyoatmojo A.I.B. mantri pulisi Paresidhenan Surabaya, dados mantri Kabupatèn Jombang.

Dr. Sukiman badhe pados titêl Doktor. Kawartosakên, sampun sawatawis dintên Dr. Sukiman mêntas dhatêng ing sanatorium sêsakit t.b.c. ing Cisarua, Cianjur, pêrlu tumut sinau anjampèni cara enggal. Anggèning ngudi bab wau, pêrlu kangge nglêmpakakên kawruh babagan sêsakit t.b.c. badhe kangge damêl proefschrift, kakintunakên dhatêng professor-professor ing bab kadoktêran ing Bêtawi, kangge pados sêsêbutan Doktor. Anggèning kêklêmpak kawruh wau sampun kawiwitan, kintên-kintên badhe rampung salêbêting satêngah taun.

Concours ngaos Al-qur'an. Pakêmpalan Muhammadiyah golongan Dirasatul Qur'an ing Ngayogya mêntas ngawontênakên concours ngaos Al-qu'an tumrap para muridipun, dipun wontênakên juru panimbang ingkang nyêkapi. Karampunganing pangaos kaperang: klas I, nomêr 1 dhawah Ardani, nomêr 2 Sufawi, klas II, nomêr 1 Juzan, 2 Arqom, klas III, nomêr 1 Juhri, 2 Duhran, klas IV nomêr 1 Kamharir, 2 Asif. Lare-lare sadaya wau sami angsal ganjaran ingkang sami adamêl bingah.

Pandung kêndêl. Sampun sawatawis dintên, ing griyanipun Tuwan P.Q.J. van Leeuwen, leeraar A.M.S. ing Ngayogya, kalêbêtan pandung. Pandung wau kajawi sagêd mêndhêt barang-barang kathah, ugi mêndhêt diploma, geboorte acte, huwelijk-acte tuwin sêrat sanès-sanèsipun atas namanipun tuwan wau. Bab punika lajêng kalapurakên pulisi, saha pulisi sampun pados katrangan. Tuwan ingkang kecalan marak-marakakên, sintên ingkang sagêd mangsulakên sêrat-sêrat wau, badhe dipun sukani arta.

Wangsul dhatêng tanah ngriki. Ingajêng sampun kawartosakên, R.A.S. Wiranatakusuma, garwanipun ingkang bupati ing Bandung badhe wangsul saking nagari Walandi dhatêng tanah ngriki, punika rawuhipun wontên tanggal 17 wulan October ngajêng punika, nitih kapal Oldenbarneveldt. Ing kapal ngriku ugi sarêngan K.R.T. Mr. Dr. Condronagoro sakalihan.

Kraman ing Surakarta. Wontên pawartos, R.T. Mr. Purbodipuro badhe dhaup kalihan putrinipun B.K.P.A. Kusumoyudo, asma R.A. Tamtami, ingkang rayi R.M.H. Mr. Kartodipuro, sami ing Surakarta.

Cheque (cèk) enggal ing Escompto Mij. Ing sapunika Escompto ngangge cèk enggal mawi dlancang nama safety, pêrlunipun anjagi dhatêng kawilujêngan. Dlanjang punika pakèwatpakèwêt. sangêt badhe dipun cidra, botên kados ingkang sampun. Ingkang makatên punika kenging kangge sarana anggèning Escompto anjagi kawilujêngan, sampun ngantos wontên lampah cidra.

--- 1242 ---

Tiyang ngamanca ambêbêdhag ing Bantên. Parentah ing tanah ngriki sampun amalilahi dhatêng Gouverneur Generaal Madagaskar tuwin Gouverneur Generaal Fransch Indo China ing sawatawis dangu ambêbêdhag wontên wana laladan Bantên kidul. Kajawi punika, kawrat ing sêrat kêkancinganipun Directeur Economische Zaken, amaringi palilah dhatêng Tuwan E. Chauvet dipun biyantu dening Tuwan F. Marron, L.O. Micola tuwin Ch. E. Jans, kenging ambêbujêng sima wontên ing parêdèn Ujungkulon, Pandeglang.

Provinciale Raad Jawi Têngah. Sarèhning R.Ng. Sosrohadikusumo kaangkat dados Gedelegeerde Raad Kawula, panjênênganipun badhe kèndêl anggèning dados Gedeputeerde Provinciale Raad Jawi Têngah. Dene ingkang badhe sumilih Mr. Sastromulyono.

[Grafik]

Damêl film wontên ing tanah Borneo. Kados sampun kawartosakên ing sêrat-sêrat kabar, Tuwan Martin Johson sêkalihan nyonyah, satunggaling ahli film ing Amerika ingkang sampun misuwur badhe dhatêng tanah Borneo sisih lèr jajahan Inggris, pêrlu badhe damêl film kewan wontên ngrika. Inginggil punika gambaripun tuwan sakalihan nyonyah punapadene sapunggawanipun saha saprabotipun pisan sarana kapal mabur "Spirit of Africa" dumugi ing palabuhan Belawan mandhap saking kapal api "Kotta Pinang".

Ambucal momotan. Wontên baita ngêwrat mrica saking Lampung badhe kabêkta dhatêng Bêtawi. Lampahing baita nalika wontên margi katêmpuh angin tuwin ombak agêng. Ingkang dados pangagênging kapal lajêng rêrigên, ambucal momotan mrica 32 karung dhatêng sagantên. Salajêngipun kapal wilujêng.

Kas masjid Cirêbon kêbobolan. Wontên pawartos, Adj. Hoofd pangulu Cirêbon bilih cêpênganipun arta kas masjid pinanggih kêkirangan f 1200.-. Kiranging arta punika kakintên jalaran saking kirang titi. Makatên ugi kintên-kintên kas masjid alit-alit ing bawah kabupatèn Cirêbon ugi kathah ingkang kêkirangan. Ing salajêngipun wontên pawartos bilih Hoofdpangulu botên gêgayutan kalihan babagan salingkuhan arpa punika. Tuwan Gobee adviseur Inl. Zaken sampun bidhal dhatêng Cirêbon badhe nindakakên papriksan bab punika kalihan residhen van der Plas.

Doktêr karaton Surakarta. Wiwit benjing taun 1936, Dr. Rajiman (K.R.T. Dr. Wediyadiningrat), doktêr kraton Surakarta badhe pènsiun. Dene ingkang anggêntosi Dr. Mohamad Salèh, ingkang sapunika nyambut damêl wontên C.B.Z. Surabaya. Nanging wontên pawartos, ingkang badhe sumilih, Dr. Satiman.

Andhudhuk bandha ing pakuburan. Sampun dados tata ngadat, bangsa Karo, Sumatra, punika manawi ngajal, pamêtakipun dipun katuti bandhanipun, manawi tiyangipun sugih, bandhanipun inggih kathah. Dèrèng dangu ing Brastagi kasumêrêpan wontên cumplung-cumplung tiyang pating glethak wontên ing kuburan. Kakintên sami mêntas kapêndhêtan bandhanipun. Kuburan ingkang kadhudhuk wontên 19 badan. Bab punika lajêng dados papriksaning pulisi.

Pajêg grobag dipun andhapakên. Jalaran saking wontêning dipun jori tukang grobag saking sajawining Sêmarang, ing sapunika B. tuwin W. ngusulakên dhatêng Gemeente supados pajêg grobag ing Sêmarang dipun suda 25 pCt.

Panenan ing Jawi Wetan. Panenan pantun ing Jawi Wetan ing mangsa punika langkung kathah tinimbang mangsa kêpêngkêr. Nanging rêginipun panggah kemawon, kintên-kintên badhe sumêbar dhatêng sanès panggenan.

Bêbaya latu ing rêdi Ciremai. Ing èrèng-èrènging rêdi Ciremai wontên bêbaya latu, wontên ing watêsipun dhusun Linggarjati kalihan rêdi Deukeut. Latu ngamuk ambêsmi tanêman-tanêman ing wana tuwin kambêngan. Wana ingkang kêbêsmi 10 bau. Têtiyang ingkang badhe nyirêp rêkaos, jalaran saking agênging angin. Ing sakala ngriku katingal kados sagantên latu.

Sabab-sabab ingkang ngrêndhêtakên papriksan. Pangadilan Landraad ing Sêmarang sawêg nêngah-nêngahi mriksa prakawis Kaligawe. Ingriku tuwuh sabab-sabab ingkang ngrêndhêtakên papriksan. Sakawit pasakitan nomêr 4 nama Surodidowo mukir. Salajêngipun ingkang ambelani prakawis, Mr. Sutikno, pindhah dhatêng Probolinggo dados pangarsa Landraad, dados pamriksanipun kalajêngakên tanpa wontên ingkang ambelani. Pangajênging golongan prakawis Kaligawe nama R. Achmad, botên sagêd kapriksa, amargi ewah. Pasakitan nomêr 2 pêjah. Saksi bangsa Eropa Dr. van Rijn tuwin sanès-sanèsipun, sami verlof dhatêng Eropa. Dados kathah sabab-sababipun.

Mênara rêdi Mêrapi. Pandamêling mênara tosan ing rêdi Mêrapi sampun dados, saha sampun kenging dipun angge. Pambikakipun mawi paargyan sawatawis, pangagênging pakaryan babagan rêdi latu Dr. Ch. E. Stehn mêdhar sabda mratelakakên ing bab gênging pigunanipun mênara wau manawi nuju wontên bêbaya.

Griya lola èstri 100 taun. Griya lola tumrap èstri ing Surabaya mêntas mèngêti adêgipun sampun 100 taun. Anggènipun mèngêti wontên ing griya Bubutan. Ingkang anjênêngi, Gupêrnur Jawi Wetan.

AUSTRALIE.

Kêbêsmèn agêng-agêngan. Ing sacêlaking palabuhan Sydney, Australia, mêntas wontên pabrik wol nama "Goldborouh Mart Wool Stores" kêbêsmèn, kapitunanipun kakintên 750.000 pondsterling. Wontên tiyang sami tandang, ingkang 8 kêkaton. Wol ingkang botên kêbêsmi sami kabur, têbihipun ngantos pitên-pintên km.

EROPA.

Lampah layaran ewah sadaya. Kawartosakên, kapal-kapal gadhahanipun "Isthmian Line" ingkang rumiyin lêlayaran dhatêng Amerika mêdal Suez Kanaal, ing sapunika ajrih langkung ngriku malih, santun mêdal Panama Kanaal. Ewahing lampah wau jalaran saking ajrih manawi saèstu wontên paprangan.

--- 1243 ---

Wêwaosan

Wangsulipun Tarsan.

Piridan saking buku karanganipun Tuwan Edgar Rice Burroughs.

40

Kleton apitakèn: Punapa sampeyan botên sagêd nyabarakên ngantos mangke manawi sampun pêtêng, prêlunipun Nonah Jinê sampun ngantos sumêrêp. Awit sampeyan sumêrêp piyambak, yèn kula punika badhe dados pangantèn kalihan Nonah Jinê.

Mirêng panêdhanipun Kleton makatên wau, Rokop manahipun sêmu gêla, sarta lajêng amangsuli kanthi rangu-rangu: Inggih prayogi. Pêtêngipun môngsa dangua malih. Anggèn kula ngêntosi sampun pintên-pintên dintên, dados manawi namung kapurih ngêntosi kalih jam tigang jam malih, kados botên wontên pakèwêdipun.

Kleton amangsuli alon-alon: Kula matur sangêt nuwun. Kula samangke badhe linggih anjèjèri Nonah Jinê ngantos dumugi wêwangênipun mangke, sadèrèngipun pêjah, kula kapengin linggih sawatawis jam sêsarêngan kalihan Nonah Jinê.

Kala samantên Tuwan Kleton lajêng amurugi Nonah Jinê Portêr, ingkang ing kala punika botên èngêt. Kleton mangrêtos, bilih Nonah Jinê sampun anyêlaki pêjahipun, ing batos malah sêmu bingah, jalaran Nonah Jinê botên badhe anyipati kawontênan ingkang badhe kalampahan wau. Tanganipun Nonah Jinê lajêng dipun cêpêng sarta dipun cucup kalihan tutukipun ingkang jalaran sampun pintên-pintên dintên botên kalêbêtan toya tuwin têtêdhan ngantos garing lambenipun pêcah-pêcah. Ngantos dangu Kleton anggènipun ngêlus-êlus tanganipun Nonah Jinê, ingkang suwaunipun andêmênakakên lan lumêr, nanging ing samangke kantun kulit kalihan balung kemawon.

Saking katungkul anggènipun nyêpêngi tanganipun Nonah Jinê, sumêrêp-sumêrêp sampun pêtêng andhêdhêt, punapa malih lajêng kagèt, dene wontên suwara saking pêtêngan. Mênggah suwara wau inggih punika suwaranipun Turan alias Rokop, ingkang angèngêtakên, bilih ing wêkdal punika Kleton kêdah anglampahi prajangjianipun.

Kleton enggal-enggal amangsuli: Inggih, mangke kula mriku, Tuwan Turan.

Kaping tiga Kleton anggènipun ambrangkang nêdya amurugi Turan badhe ngêsrahakên pêjahipun, nanging salêbêtipun sawatawis jam piyambakipun kèndêl wontên ing sacêlakipun Nonah Jinê wau, badanipun karaos lungkrah sangêt, mèh botên sagêd angglawat, amila anggènipun badhe amurugi Turan inggih sampun botên sagêd tumindak saking lêsunipun.

Kanthi suwara ingkang lêbêt, Kleton awicantên makatên: Tuwan Turan, kula sampun botên kiyat lumampah murugi sampeyan, dados langkung prayogi sampeyan kemawon dhatêng mriki murugi kula.

Turan amangsuli grundêlan: Gênahe sampeyan mung ajêng ngapusi kula mawon.

Kleton mirêng anggènipun Turan dhatêng nyêlak. Nanging lajêng wontên suwara ingkang sajak anggrêtak, inggih punika wicantênipun Turan: Ah, kula piyambak botên sagêd murugi sampeyan mriku. Saniki êmpun kasèp, sampeyan pancèn mung nêdya ngapusi kula mawon, bajingan Inggris.

Kleton amangsuli: Botên pisan-pisan yèn kula badhe ngapusi sampeyan, sajatosipun awak kula punika sampun kula kiyat-kiyatakên, nanging mêksa lêmês. Wondene inggih badhe kula coba malih, amung kemawon sampeyan ugi murugana kula, prêlunipun sagêda pêthukan.

Salajêngipun Kleton ngêtog kêkiyatanipun tumindak nêdya amurugi Turan, makatên malih piyambakipun mirêng, bilih Turan inggih ngêtog kêkiyatan tumindak amurugi piyambakipun. Kintên-kintên sajam, Kleton sagêd sêduwa badhe ambrangkang, nanging sarêng badhe tumindak lajêng dhawah malih. Botên watawis dangu piyambakipun mirêng tiyang ngunjal ambêgan ingkang nandhakakên sênênging manahipun. Suwara wau inggih suwaranipun Turan, ingkang lajêng wicantên makatên: Ladalah, kula sagêd tumindak murugi sampeyan.

Kleton nyobi malih badhe ambrangkang amurugi Turan nêdya ngasrahakên pêjahipun, nanging sawêg krengkang-krengkang badhe tumindak sampun dhawah malih. Salajêngipun, sanadyan dipun pêksa-pêksaa, nanging badanipun sampun botên kiyat babarpisan. Pungkasanipun, Kleton dhawah klumah, ngathang-athang ningali lintang, sarta lajêng sampun botên sagêd ebah. Salêbêtipun makatên mirêng suwara mênggèh-mênggèh, inggih punika suwaranipun Turan, ingkang ngêtog kêkiyatan anyakêti piyambakipun.

Ngantos saêjam, Kleton ngathang-athang kalihan angêntosi dhawahing lêlampahan ingkang badhe mungkasi gêsangipun, ingkang atêgês: amungkasi agênging kasusahanipun. Samangke Turan sampun cakêt, nanging jalaran anggèning ambrangkang tansah kondhag-kandhêg kemawon, satêmah andêdangu lampahipun.

Danguning dangu Kleton sumêrêp, bilih Turan sampun sagêd anyêlaki piyambakipun cakêt sangêt, sarta mirêng gumujêngipun Turan ingkang tansah glêgas-glêgês piyambakan. Salajêngipun kraos kados [kado...]

--- 1244 ---

[...s] wontên badaning tiyang sanès nyenggol awakipun, ing wusana Kleton lajêng sumaput botên èngêt.

XIX.

Kocapa, nunggil ing dalu wau, salêbêtipun Nonah Jinê badhe dumugi ing pêjahipun, tiyang jalêr ingkang dados têlênging manahipun, inggih punika Tarsan, sawêg dipun wiwaha kaangkat dados rajaning tiyang cêmêng bôngsa Wasiri. Salêbêtipun Tarsan ajêjogedan pinahargya dening bôngsa tiyang cêmêng wau, wanita ingkang tansah cumanthèl wontên ing tuntunging jantungipun, lembak-lembak wontên ing sanginggiling sagantên sampun badhe pêjah, badanipun anggagang aking dening sampun sawatawis dangu botên kalêbêtan rêjêki tuwin toya babarpisan.

Saminggu sasampunipun Tarsan dipun angkat dados ratu, lajêng ngêtêrakên têtiyang bôngsa Manumah anilar prajanipun bôngsa Wasiri. Sadèrèngipun sami apêpisahan andum lampah, Tarsan anjanjèni dhatêng têtiyang Manumah wiwit dintên wau ngantos salajêngipun, botên kenging amêrangi utawi mêngsah têtiyang bôngsa Wasiri. Dene têtiyang bôngsa Manumah ugi ngèstokakên kanthi têmên-têmên. Anggènipun ngèstokakên kanthi tumêmên wau, jalaran têtiyang bôngsa Manumah sajatosipun tansah jinja kèngêtan kemawon dhatêng kadibyan lan kawêgiganipun rajaning têtiyang bôngsa Wasiri punika.

Sawangsulipun Tarsan lajêng tata-tata nêdya kesah dhatêng papan padunungan ingkang kathah êmasipun kados ingkang sampun kacariyosakên dening Wasiri nalika taksih gêsangipun. Sarta lajêng milihi têtiyangipun ingkang pêng-pêngan wani mati kintên-kintên wontên sèkêt tiyang, sami kapurih tumut lampahipun.

Tarsan tansah kèngêtan kemawon dhatêng cariyosipun Wasiri ing bab kasugihanipun panggenan wau. Anggènipun Tarsan tansah kèngêtan dhatêng dununging papan kasugihan punika, botên amung melikakên dhatêng rajabrana kemawon, nanging ugi kêpengin sangêt badhe anyumêrêpi kawontênanipun papan wau. Dene anggènipun Tarsan amelikakên sangêt dhatêng êmas ing ngriku wau, awit mangrêtos saha nyipati piyambak, bilih êmas punika tumrap wontên ing pasrawunganing manusa, dayanipun agêng sangêt. Sanadyan piyambakipun ing wêkdal punika botên gadhah pikiran nêdya wangsul malih kêmpal kalihan pasrawunganing manusa, ingkang sampun sami susila.

Makatên niyatipun Tarsan, amila ing satunggiling dintên lajêng bidhal kairingakên wadyabalanipun tiyang sèkêt, bidhal andon lampah nêdya anyatakakên dhatêng panggenan kasugihan kasêbut ing ngajêng. Lampahipun miturut margi kadosdene ingkang sampun kaandharakên dening jênatipun Wasiri dhatêng Tarsan. Ngantos pintên-pintên dintên lampahipun tansah nurut lèpèn, sarêng dumugi ing têmpuran, lajêng minggah nurut lèpèn sanèsipun. Sarêng lampahipun kintên-kintên sampun angsal sêlawenan dintên, lajêng sami kèndêl wontên ing lambunging rêdi.

Enjingipun têtiyang wau sadaya lajêng sami andumugènakênandumugèkakên. lampah dhatêng salah satunggiling pucakipun rêdi ngriku ingkang andêdêr sangêt inggah-inggahanipun, sarta ingkang dados pêpalang anjogipun dhatêng papaning kasugihan wau. Kintên-kintên mèh jam kalih wêlas siyang, sarêng Tarsan ingkang tansah dados pangajênging para prajurit cêmêng, anglangkungi pucaking rêdi saha anjog ing lêlêngkèh ingkang sitinipun waradin, wontên ing papan wiyar waradin ngriku, katingal ing kiwa tênganipuntêngênipun. wontên pucak-pucaking rêdi ingkang langkung inggil. Mênggah salêrêsipun papan ingkang dipun ambah punika inggih papan ingkang dados awisan. Ingkang sisih kiwa punika margi ingkang mêntas sami dipun langkungi, dene ingkang sisih têngên ingkang saking katêbihan katingal pucak-pucaking rêdi punika tapêl watês nagari prajanipun bôngsa Wasiri.

Dene ing ngajêng lêrês, punika ingkang tansah dados angên-angênipun Tarsan. Ing ngriku katingal wontên lêlêbak ingkang botên anyênêngakên dhatêng sawangan. Jalaran lêlêbak wau ciyut lan kêbak isi sela kemawon, ngêmungakên ing sawatawis panggenan ingkang wontên thêthukulanipun. Lan êmbing mrikanipun lêlêbak katingal tilasing kitha agêng, ingkang kinubêng ing tembok inggil, sarta kathah mênara, sêtupa lan sasaminipun, ingkang pinulas jêne lan abrik,abrit. kasorotan ing bêntèring srêngenge, katingal gumêbyar ambalêrêngi. Nanging rèhning papanipun Tarsan kalihan tilasing kitha agêng wau têbih sangêt, mila botên kasumêrêpan, bilih kitha wau sajatosipun sampun risak sangêt. Saking pangintênipun Tarsan, tilas kitha ingkang katingal wau, têmtu agêng, sae lan ngeram-erami sangêt, punapa malih kathah têtiyangipun.

Wontên ing papan ngriku Tarsan dalah wadyabalanipun sami ngaso kirang langkung saêjam. Sasampunipun, Tarsan lajêng angirid têtiyangipun amurugi lêlêbak wau, ing ngriku botên wontên marginipun, ananging langkung gampil dipun êdhaki. Sarêng sampun dumugi ing ngriku, lajênging lampahipun gampil saha enggal, lan dèrèng ngantos pêtêng sampun sagêd dumugi ing sacêlaking tembok kitha ingkang inggil, ingkang katingal saking katêbihan wau.

Inggiling tembok wau antawis sèkêt pêcak, punika ingkang taksih wêtah, nanging sabagian agêng sampun sami risak, lan inggilipun racak-racak namung kantun kalih dasa pêcak. Ewasamantên tembok wau mêksa taksih kenging kawastanan satunggiling bètèng kingkangingkang. kiyat. Rumaosipun Tarsan, kados-kados saking salêbêting pagêr banon wontên tiyangipun sami anguk-anguk andingkik dhatêng piyambakipun sakônca. Lan rumaosipun, wontên saèstu tiyang ingkang nyawang dhatêng piyambakipun, nanging botên sagêd anêmtokakên punapa yêktos utawi botên. Badhe kasambêtan.

Isinipun: Nênun - Santun-sumantuning Dhawuh, - Agêr-agêr Tigan, - Jiyarah dhatêng Rêdi Murya - Pasulayanipun Itali kalihan Ngabêsi - Bikakan Cangkriman Camy, - Bab A.S.I.B. - Kabar Warni-warni, - Wêwaosan.

--- [0] ---

Satobônda Kêpanggih Radèn Bratasena

[Sinom]

wus padha karia sira / saungkurku dèn abêcik / gonmu rumêksa pratapan / Sang Sena malumpat aglis / kêsit saengga thathit / kang tinilar kari mangu / langkung pangèsthinira / Wijrapa lan ingkang siwi / ya ta lampahira Risang Wrêkudara //

lumampah tan mawi bala / mung bayu bajranya ngidit / kèh kayu sêmpal kaprapal / punggêl kapronggol kapuntir / sukêt kadi ginlintir / kaputêr sol oyodipun / karungkad mêngkap-mêngkap / kasingsal tibanya têbih / anêrajang paminggir tapane gajah //

wau ta Sang Gajahsena / ya Satobônda maharsi / putrane Bathara Surya / kang mêntas jungkung sêmadi / wungu saking aguling / myarsa suwara kumruwuk / gora amawalikan / bayu bajra angin ngidit / lesus mulêk ing wana kèh kayu pokah //

saya sru prahara sumyar / lêbu balêdug dhatêngi / pratôndha Sena wus cêlak / mangkana ciptaning èsthi / sapa ta ingkang wani / liwat ing pratapan ingsun / sajêge durung ana / sujalma ngambah ing ngriki / liwat anèh baya bosên anèng donya //

kalangkung ing krodhanira / Satobônda mobat-mabit / sakala bayu wor udan / mêlêg pratapaning èsthi / kayu punggêl kapipis / ing kayu kombul kadaut / dening mêtaning gajah / malang-megung ambuwangi / kayu watu kang nèng kiwa têngên têlas //

ngalela nèng têngah malang / prayitna Bima marani / tinarka gajah urakan / dene warnanira putih / seje samining èsthi / mila Sêna rêmên dulu / lah iki buron apa / gajah putih kaya gamping / dupi cêlak cinandhak Sang Bratasena //

ingukêl sigra binuwang / Sena tibane tan têbih / tangi sigra mangsah galak / Bima angandika wêngis / gajah sikara iki / ingsun kêmbari sirèku / katgada Bratasena / têlale cinandhak aglis / rame dènnya ulêng udrêg rêbut pêjah //

rok rukêt arêbut papan / pan gantya tarik-tinarik / sami kaprawiranira / yèn mungguh liyaning èsthi / Sang Bima asring banting / gajah lumrah têlu ajur / sinotho myang dhinupak / tanpa sesa angêmasi / Satobônda tinikêl karosanira //

lawan gajah ingkang rucah / pramila rame ing jurit / dadya gêlut lêng-ulêngan / aganti tindhih-tinindhih / eram Sang Sena èsthi / anggraita jroning kalbu / lah iki jalma apa / dene kuwat nyêmbadani / bokmanawa iki ta sadulur ingwang //

mangkana Sang Bratasena / têlale gajah pinuntir / gadhing pinancal kalihnya / Satobônda muwus aris / ayo ta lèrèn dhingin / Wrêkudara anyêntak sru / hèh lèrèn-lèrèn apa / padu jiwa dèn kanthongi / ingsun iki durung têtakon ing sira //

gya inguculakên nulya / Wrêkudara sampun nêbih / manthuk-manthuk Satobônda / gumlêgêr gumuyu batin / hèh marêka ing mami / ing mêngko wus ngalah ingsun / aku kajibah tuwa / wong padha sinung wêwêling / mring si bapa bayu ratuning bawana //

mara sira balakaa / sapa aranmu sayêkti / mêngko sun kang mrêdènana / Wrêkudara muwus aris / jênêng dèn wêwrêdèni / apa ta pakolèhipun / arana Camênggala / lah wong ora nganggo picis / gajah wungkuk gumaib kadi bujôngga //

manthuk-manthuk Gajahsena / gumlêgêr amuwus aris / mara ta nyêdhaka mringwang / Wrêkudara gya marani / dene si gajah bêcik / malipir ing têmbungipun / ngur baya sun sanaka / yèn gêlêm ingsun momoti / dimèn buruh gawa kranjang ngusung bata //

mara ta ge balakaa / aranmu ingkang sayêkti / ingsun aran Bratasena / iya Bima Bayusiwi / Kusumayuda mami / Pandhuputra pêparabku / iya Si Wrêkudara / wis êntèk tan ana kari / Gajahsena manthuk-manthuk sru wuwusnya //

lah mara ujarku apa / bênêr gon ingsun ngarani / yèn sira sadulur ingwang / tunggal bayu sira yayi / aranmu sun wrêdèni / Bratasena têgêsipun / brata puniku lampah / sena têmên mirib mami / ujêr ingsun kang anggadhing bungkusira //

marma sira duwe sena / Hyang Durga ingkang maringi / angêpèk jênênging gajah / Bima pêparabirèki / karana sira yayi / tinitah agêng myang luhur / kacèk lan kadangira / Bayusiwi tak arani / pan pinundhut putra mring Rêsi Bawana //

dene ta Kusumayuda / kusuma putra nrêpati / yuda lajêring paprangan / Pandhutanaya ngarani / sira iku ta yayi / putrane Mahraja Pandhu / mara luputna ingwang / Wrêkudara tan bisa ngling / gêtun ngungun dene gajah lir bujôngga //

Sang Sena alon saurnya / bangêt tarima sun iki / sasat wruh ing padhang hawa / sira ingkang amrêdèni / iya ing aran mami / salawase apan durung / ana kang dêlingêna / lagi samêngko nyurupi / Satobônda kalangkung ing sukanira //

rahadèn emut ing driya / ing ibu Sang Dèwi Kunthi / gorèh lênggah ngungak-ungak / Gajahsena aningali / gembolan dèn bathithit / nèng poncoting kampuhipun / hèh yayi iku apa / dèn bundhêl kampuh barêndhil / satêmêne kakang iki iya sêga //

ibu kang sun payakêna / sêga sakêpêl ta iki / ajarwa sasolahira / gènira prang lan rasêksi / wis ta sun amit mulih / ing panggonane si biyung / Satobônda lingira / yayi sira sun warahi / apan aji pamêling bayu sadaya //

sawusira binisikan / ing jaya aji pamêling / lamun sira yun kapanggya / sadulurmu têlu prapti / padha sabaya pati / wis êntèk pamêkas ingsun / wis kakang akaria / sigra lumumpat akêsit / tan kawarna ing lampah Sang Bratasena //

Pêthikan saking Sêrat Jagalbirawa.

Karanganipun Kangjêng Pangeran Kusumadilaga, ing Surakarta. Kalih jilid rêgi a f 0.60.

Wêdalan: Bale Pustaka, Batawi Sèntrêm.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 81, Stu Wa, 14 Rêjêp Jimakir 1866, 12 Oktobêr 1935, Taun X

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- 1277 ---

Ôngka 81, Stu Wa, 14 Rêjêp Jimakir 1866, 12 Oktobêr 1935, Taun X

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka ing sawingkinging kantor Palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Tatwawara - Wawasan ing Bali Sawatawis - Baya - Santun-sumantuning Dhawuh - Bab Kasarasan - Mupus saking Kêpèpèt - Bab Pitulungan Dhoktêr - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Tatwawara

[Sinom]

Wasitane Prabu Diman / sawuse padha mêruhi / gumêlaring jagad raya / darbe wêwênang mandhiri / kêna nampik lan milih / sasênênge kang kinayun / nanging mungguhing janma / sanadyan wus dèn pasrahi / pangawasa tanpa watês sinagurah //

parandene yèn tan wikan / bêbênêraning ngaurip / nora nanggo antan-antan / wêwênange nampik milih / mêsthi pinêcat wani / têmah uripe gumantung / mung ginawe dolanan / cinêngès ingêngis-êngis / dadya mpan-êmpaning cakra panggilingan //

yèn wus samya wrin ing prênah / têgêse tulising urip / pagene tan atrangginas / gayuh darajating lair / têgêse niyat ngalih / mring jaman madya kang umum / mêncarkên pôncadriya / kang sakira murakabi / kukubaning bôngsa kang papa cintraka //

tinggal marang lêlamisan / ngêmohi srêbêngan alis / yèn tan tumpangsuh trapira / yêkti jagad angamini / rumasa dèn barkahi / pujine mawantu-wantu / kêna kang pinangarah / ngêrobi sagung dumugi / dêdalane tan lyan sumungkuning cipta //

--- 1278 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Wawasan ing Bali Sawatawis.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 80.

Ingkang makatên punika para maos sagêd anggalih piyambak, botên saking wangkotipun ananging kabêkta saking sumungkêming manah dhatêng dewa sêsêmbahanipun tuwin angrungkêbi tata caraning nalurinipun, ingkang lajêng atêgês satungiling patrap pangaji-ngaji.

[Grafik]

Têtingalan legong ing Bali.

Sampun têmtu kemawon mênggahing jaman samangke, sawarnining tindak sarta pratingkah ingkang nyara kina punika gampil anggèning lajêng winastan awon, sawênèh amastani: gagrag kang wus ora anjaman, patute kudu diowahi manut gagrag anyar. Ananging kauningana, tumrapipun ing ngriku, inggih cara kina punika ingkang inganggêp sae.

Pramila saking bab wau, sawênèhing tiyang lajêng anggadhahi pangintên bilih kawontênan ing pulo Bali botên gampil kaewahan caranipun, manut tataning gêsang sêsrawungan donya umum, upaminipun kados ta: mênggah caraning gêgriya dalah pirantos sauba rampenipun, caraning anjagi kasarasan manut kawruh kadhoktêran, ingkang bakunipun kêdah rêsikan lan sapanunggilanipun, langkung-langkung babagan agami.

Ananging sintên sumêrêp manawi ing wingking lajêng rikat sangêt ewahing kawontênan wau, amargi ing Bali

--- 1279 ---

sapunika ugi sampun botên kirang neneman ingkang pangajaran, cêkap pasinaonipun. Amila ing ngriki inggih botên sagêd ngintên bab lêstantunipun sakathahing ngadat tatacara ing pulo Bali wau.

Mangsuli andharan ing bab têtingalan.

Ing nginggil sampun kapratelakakên bilih ing Bali ugi wontên kagunan bab jogèd sarta krawitan (gêndhing), inggih ingkang winastan: topèng, gandrung, janggêr, legong lan sapanunggilanipun wau. Punika sadaya minôngka prabot rêrangkèning panêmbah dhatêng dewa. Dados botên ngêmungakên tumônja kangge kasênêngan kemawon, amila botên gampil kalêbêtan daya sanès kados kalimrahaning têtingalan ing tanah Jawi, ingkang gampil sangêt anggèning mangèmba-èmba (niru) gagrag kilenan tuwin salajêngipun kenging winastan sampun botên murni, upaminipun kados ta: kêthoprak, bakuning jogèd cara Jawi, nanging têtabuhanipun mawi kaslundhingan piyul. Kumidhi bangsawan mawi kasêlanan jogèd cara Manilah, dhangsah cara Inggris punapa kabarèt, lan sasaminipun. Sanajan sadaya wau bakunipun ngangkah laras sakeca, rame punapa lucu, nanging têtêp nama botên murni saking aslinipun. Kajawi saking punika, limrahipun têtingalan wau minôngka sarana kangge pados pangasilan pangupajiwa, utawi anyêkapakên kabêtahan angrêrêngga kabrêgasan, kamonceran, kacakrakan lan sapanunggilanipun wau.

[Grafik]

Gambar Dewa Wisnu ingkang kadamêl kajêng sarana kaukir.

Nanging kosok wangsulipun tumrap ing Bali, wontênipun têtingalan punika sadaya taksih sami murni, dèrèng ewah saking asli, sarta ingkang kathah-kathah katanjakakên dhatêng pakarti suci, inggih minôngka rêrangkèning prabot pangabêktos dhatêng para dewa, saupami dipun pitongtonakên mawi mupu bayar, juru jogèd dalah para niyaganipun sami botên kabayar, dados sarwa mirunggan, prakawis têdha lan ombên sami mêndhêt saking griyanipun piyambak. Angsal-angsalaning arta sadaya kasimpên ing kas, minôngka tandhon, samôngsa wontên prêlu sêmbahyangan agêng dhatêng pura-pura, sawêg kenging kawêdalakên minôngka waragad asêsaji ing dewa, kados ta yèn pinuju pahargyan abèn, sarta panguran. Badhe kasambêtan.

K. 1815.

--- 1280 ---

Jagading Sato Kewan

Baya.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 80.

Sasampunipun makatên, jalêr èstri lajêng nglêmpakakên pang-pang, gêgodhongan sapanunggilanipun, sami dipun gondholi kapapanakên ing panggenan ingkang badhe kangge nigan, lajêng dipun ulêt kalihan siti. Sasampunipun dados, pun biyung lajêng nèkèri tumpukan wau kangge damêl rong-rongan, dipun thokèri kalihan sukunipun ngajêng, wusana lajêng dados awarni rong, inggiling tumpukan wau ngantos mèh sametêr, salajêngipun nuntên mapan nigan. Limrahing baya punika manawi nigan ngantos 30 dumugi 60 iji, nanging ugi wontên ingkang satus. Cangkoking tigan wau kandêl sangêt, dene raosipun kirang eca, pêthakipun botên sagêd atos, tumraping tiyang siti, manawi manggih tigan baya punika lajêng dipun pêndhêti, kasade dhatêng bôngsa Tiong Hwa, kacariyos kangge jampi sakit pathèk.

Baya punika sanadyan sami baya, pinanggihipun wontên sanès nagari, patraping panigan inggih beda-beda, wontên ingkang lajêng dipun tilar, nanging ugi wontên ingkang dipun tênggani ngantos sanêtêsipun. Tumrap ingkang nênggani dumugining nêtês, punika pun biyung tansah niling-nilingakên dhatêng salêbêting susuh, samôngsa mirêng ing nglêbêt sampun wontên grusêk-grusêk, susuhipun lajêng dipun cakari, wusana pun krete lajêng sami mêdal. Nanging wontên ingkang mêdal piyambak.

Ingkang dados amaning tigan baya, punika mênyawak, sawêr utawi pêksi, mila ugi mèmpêr saupami baya punika ugi anjagi tiganipun, tuwin bokmanawi sampun dados kalimrahan kanodrat gadhah tindak makatên. Nanging ugi wontên cêcariyosan, krete ingkang nêmbe nêtês, punika lajêng enggal-enggal badhe kesah, amargi manawi konangan biyungipun, tamtu dipun têdha.

Agênging baya punika dangu sangêt, umur tigang taun dèrèng wontên sametêr, mila manawi wontên baya ingkang panjangipun ngantos gangsal metêr, punika sagêd ngintên-intên piyambak, sampun umur pintên taun. Malah wontên ingkang cariyos, baya ingkang panjangipun saking congor dumugi pêthit wontên sadasa mètêr, punika sampun umur satus taun.

Wontên pangudaraos cocoging kawontênan kalihan dongèng. Kados ingkang kasêbut ing Sêrat Kancil, nalika kancil badhe mantuk kalangan lèpèn bêna, punika lajêng akèn dhatêng baya supados sami jèjèr-jèjèr, awit saking dhawuhipun Kangjêng Nabi Suleman, kadhawuhan ngetang cacahing baya ing lèpèn. Ing ngriku kalampahan, baya sami jèjèr-jèjèr kados gèthèk, lajêng kangge nguwot pun kancil. Mênggah nyatanipun, baya punika manawi nuju kêkêmpalan pancèn inggih jèjèr-jèjèr kados makatên.

Baya punika sanadyan kewan galak kados makatên, ugi limrah dipun ingah, nanging namung tumrap wontên [wontê...]

--- 1281 ---

[...n] ing kêbon binatang, namung kangge têtingalan thok, dipun dèkèk wontên ing panggenan ingkang dipun mijèkakên, kados sacaraning blumbangan. Dene sagêdipun kulina kalihan tiyang namung manawi dipun têdhani, samôngsa dipun acungi têdha, purun nongol ngantos dumugi ing dhadha.

Mirid anggèning baya punika kewan galak, lôngka sagêda anjilma, inggih sanadyan anjilmaa pisan, inggih mêksa gampil èngêtipun dhatêng dhêdhasaripun kewan galak. Ing dongèng Tiong Hwa wontên pêpiridan bab dhêdhasaring wêwatêkanipun baya. Wontên satunggaling neneman, ngingah baya wiwit sangkaning alit, dipun tutut ngantos anjilma sangêt, saking anjilmanipun wau, pun baya kêrêp tut wingking manawi bandaranipun nuju kesahan, tuwin wontênipun ing griya prasaksat kados kucing kemawon.

[Grafik]

Baya ingahan ing nagari Eropah.

Satunggiling dintên, tiyang wau kesahan têbih, bayanipun dipun tilar, ngantos sawatawis dintên sawêg wangsul. Ing salêbêtipun dipun tilar wau baya botên kopèn têdhanipun. Dilalah sarêng baya sumêrêp bandaranipun dhatêng lajêng krêmbyah-krêmbyah murugi, bandaranipun mêthukakên, nanging bandaranipun wau lajêng dipun saut kabêkta lumajêng ambyur ing lèpèn, têrus ical tanpa lari, baya wangsul dhatêng asal kamulanipun ing kêdhung. Punika nandhakakên dhêdhasaring kewan galak punika gampil tuwuhipun. Manawi mirid ing nalar, pun baya inggih pancèn anggadhahi kangên, nanging sarèhning luwe, galakipun lajêng thukul, wusana nyarap kalihan kamoran nêpsu. Badhe kasambêtan.

--- 1282 ---

Kawruh Sawatawis

Santun-sumantuning Dhawuh Pranatan Nagari Tumrap Karaton Dalêm Surakarta Adiningrat, ing Taun 1889-1916.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 78.

XXXVIII. Bab Têngara Kênthong.

Ing taun 1901, nagari andhawuhakên undhang waradin saindênging nagari, sadaya têtiyang gêgriya supados sami ngingah (gadhah) kênthongan, sabên griya kêdah wontên kênthongan 3 utawi 4 panggenan, upaminipun ing pandhapi, ing griya wingking, gandhok, griya pawon tuwin sapanunggilanipun sami nyatunggal.

Wondene ungêlipun kapranata makatên, kados ta: wontên griya kabêsmèn katabuh mungêl 3 3. Bêna katabuh 4 4. Rajakaya ical kabradhat durjana, katabuh 5 5. Kadurjanan kècu utawi rajapêjah sasaminipun, katabuh kêrêp (titir), bilih tèngara wontên durjana pandung limrah, kênthong katabuh 2 2. Sadaya wau patrapipun sambung-sinambung ing pundi panggenan saking ingkang cêlak piyambak, namung sawatawis mênit mèndêl, dening ingkang kawakan wontên bêncana utawi tinêmpuh durjana, punika ingkang lajêng panabuhipun têngara wau, mèndêlipun yèn sampun kadhawuhan dening pangagêng ingkang kagungan wajib.

Lêt sawatawis wulan, pranatan kasêbut nginggil wau kawêwahan pranatan panyêgat durjana pandung wanci dalu, inggih punika samôngsa wontên têngara titir utawi mungêl 2 2, têtiyang pakampungan utawi padhusunan kêdah mêdal sarta sami jujug panggenan ingkang sampun katêmtokakên wajibipun piyambak-piyambak, mawi kasukanan plat sinêrat mungêl: pangok panyêgatan durjana, ing ngriku têtiyang ngalêmpak amirantos saprêlunipun, minôngka panjagi utawi nyêgat palajênging durjana. Sawatawis jam dangunipun manawi sampun kauningan pangagêng sawêg kalilan bibaran.

XXXIX Bab Pagantosan.

Ing taun 1903, nagari andhawuhakên undhang-undhang waradin, tumrap saindênging bawah dalêm Kasunanan, aparing sumêrêp, bilih panggaotan gantos ingkang katindakakên para kawula dalêm, samangke (wiwit kala samantên), kapundhut dados wêwênangipun kangjêng gupêrmèn, para paktêr gadhe jawi kantun andumugèkakên sataksihipun kemawon, têgêsipun tiyang nyuwun idi enggal badhe bikak gantosan: botên kaparêng, makatên malih inggih wiwit kala samantên wau, paktêr gadhe jawi jalêra èstria, sami kapundhutan gambar(potrèt)ipun piyambak-piyambak, sabên paktêr satungal kagambar niga, karimat ing kantor nagari 2, ingkang 1 katumrapakên ing bêslit gadhe cacêpênganipun piyambak, sabên taun wulan Dhesèmbêr dipun cocogagên. Dados samôngsa wontên paktêr gadhe ingkang sampun kèndêl utawi tilar donya, pagantosanipun lajêng katutup.

--- 1283 ---

XXXX Bab Awisan Kasukan.

Kadugi nunggil taun 1903, nagari andhawuhakên waradin namung tumrap abdi dalêm, sadaya abdi dalêm agêng alit ingkang gêgayutan utawi kuwajiban nindakakên arta kagungan nagari sapiturutipun, sami dipun pacuhi botên kenging mawi toh agêng-agêngan, nanging kêdah alit-alitan kemawon (gangsal sèn mangandhap), sarta wanci jam 2 kêdah sampun bibar, têgêsipun namung minôngka kaangge cagak lênggah kemawon, dados botên nama ngabotohan. Makatên malih sami dipun pacuhi botên kalilan ngabotohan kalihan sanès bôngsa. Bilih wontên ingkang wanuh wani nêrak pêpacuh wau, badhe kapatrapan pidana arès sakaparêngipun kangjêng parentah agêng, manawi wontên prêlunipun, kapocot utawi kalorot pangkat kalênggahanipun. Rikala samantên ing kitha tuwin ing dhusun-dhusun lajêng tintrim, wontênipun kasukan mawi toh-tohan agêng-agêngan suda kathah sangêt, malah dalah para abdi dalêm ingkang botên kuwajiban nyêpêng arta nagari inggih tumut ajrih ugi. Badhe kasambêtan.

P.K. 585.

Bab Kasarasan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 80.

Manawi tatu alit ing tangan, ingkang sakit kenging mlampah-mlampah botên kenging nyambut damêl, tangan ingkang sakit dipun sôngga ing verband (draag-verband) supados tangan ingkang sakit wau sagêd kèndêl ing pundhak utawi sanèsipun.

Samôngsa tiyang mulasara tatu botên manut tatanan utawi pratikèl ingkang samêsthinipun, ing wingking têmtu kêduwung, awit upami tatu wau dipun pulasara samêsthinipun sagêd saras salêbêtipun sawatawis dintên, lajêng kosok wangsul yèn anggènipun mulasara wau sapurun-purun, sagêdipun saras dados sawatawis minggu utawi sawatawis wulan laminipun.

Samôngsa abuhipun lan sakitipun tatu sampun sawatawis ical, suku utautawi. tangan wau tumuntên enggal dipun ebahakên, utawi dipun urut sawatawis, wiwit saking sakêdhik sabên dintên saya dipun kêrêpi, yèn abuhipun katawis botên kimat lajêng dipun têrusakên. Upami dipun sarantosakên ngantos ical babar pisan abuh lan sakitipun punika lajêng kasèp, suku utawi tangan wau sagêd dados mangkêrêt, tumrap tangan lan drijinipun, sagêd dados kithing utawi ambêngkêluk, yèn sikut sagêd dados ceko, yèn suku kangge mlampah pincang utawi kêdhingklangan, amargi otot-ototipun sami mêngkêrêt utawi salah kêdaden.

Sanajan perangan ingkang sakit tatu wau kêdah tumuntên dipun ebahakên, nanging sabên dintên kêdah dipun titipriksa punapa panggenan perangan ingkang tatu abuh lan kraos sakit wau botên kimat abuh malih, awit manawi kalintu utawi kasêsa anggènipun ngebahakên, inggih sagêd mindhak sakitipun, dados langkung dangu sarasipun.

R. Sumadirja. Ind. Arts. Kudus.

--- 1284 ---

Panglipur Manah

Mupus saking kêpèpèt

Mêgatruh.

Lah dulunên galo gumêlaring dalu / lintang-lintang pating krêlip / kumilat ngujwala nrawung / wang-gawang tejaning wêngi / kêkuwunge kadya awor //

dene wulan lir pendah asung sêsuluh / sumilak ngumala wêning / wênêsing kang cahya worsuh / nirmala mulus ngrênggani / gêgana asri tinonton //

kêlap-kêlap sabuwana tumalawung / langêning wulan kaliling / kêkalangan angalangut / liru prabawa sumilih / lawan taranggana abyor //

ima pita pratisthèng tawang tumiyung / katiyuping maruta ris / ririh rèrèh lampahipun / lir kagêlan duk ningali / munggwing langêning kalangon //

liyêp-liyêp yayah ulating dyah ayu / gêbyaring cahya jro wêngi / kayoman ima lumaku / rêmêng-rêmêng madyèng bumi / sumamar wêwarnan tinon //

rangu-rangu tumingal ananing dalu / nênangi èngêting ati / mring tataning alam luhung / dènnya mandum suka sêdhih / binobot traju kinaot //

mung sapele andêlêng wulan sumuluh / ilang gêlaning panggalih / gumolong ing nala mupus / puluh-puluh: dèn gondhèli / sumendhe pasthining lakon //

duk samana wayahe mèh têngah dalu / manjing wisma arsa guling / nèng lincak kêmulan sarung / dèn pancal suwèk sanyari / pênêr tambalan kang jêbol //

sun angulèt ngiras pantês ngêluk lambung / dilalah tibaning pasthi / mak grobyag lincake ambruk / tibèng jambrah awak mami / tujune wong ahli batos //

gregah tangi nora sambat malah sukur / marang kang amurbèng pasthi / ngrasa antuk sasmita gung / kinen rada cêgah guling / dimèn ing nala gumolong //

ambêlêrêt urubing dilah kadulu / labêt lêngane wus gusis / tan pantara pêt wus lampus / pêtêng dhêdhêt jroning panti / tujune bôngsa gumolong //

malah lila lêgawa ing manah mupus / tinômpa karsaning pasthi / pinrih narima ing pandum / dimèn bêtah lara pêrih / jroning jaman kang rêkaos //

jroning wisma tan kêndhat gyannya nyênyuwun / wayahe wus têngah wêngi / giwanging wulan tumurut / soroting manjing jro panti / mêtu gêdhèg pating probol //

kèh kadulu lêlangêning langit biru / rêrupan wêwarnan kèksi / payon kang wus madhul-madhul / pating cromplong môngka margi / lumêbune ponang sorot //

sukuring tyas ngalêmbana kang sung tuwuh / adil timên alam iki / jroning pêtêng padhang nusul / prêlu apa susah sêdhih / sugih mlarat sami mawon //

e e bokne bok ya nglilir tukmu turu / tontonên tataning langit / lawan mêmujia sukur / anèng wisma bisa nyambi / dêlêng antariksa abyor //

adiling hyang nora pilih asor luhur / sugih miskin amêngkoni / kabungahaning tumuwuh / hara: jajal kidul kuwi / kang nèng loji magrong-magrong //

apa bisa wêruh gumêlaring dalu / kinunjara pagêr wêsi / kalisikan turunipun / kêblêrêngên diyan listrik / kêbrêbêgên ing radhio //

mula-mula wong wadon iku sing manut / dumèh nyewa omah dhêlik /

--- 1285 ---

jare ngêrong kaya yuyu / môngka omah ngono kuwi / malah tuking karahayon //

bokne kulup kambi bêkis wuwusipun / wis wis mênêng aja criwis / kaya lagi mêndêm cubung / bêngi-bêngi gawe aksi / wong nyatane ora jegos //

nyewa omah kang rada mèmpêr dinulu / dadak nganggo ika-iki / linambaran ing pamupus / pawadan tibaning pasthi / mundhak diewani uwong //

lan maninge apa lagi gilut ngilmu / kasampurnanirèng pati / dene kabèh sarwa mupus / bok ya sampurnaning urip / rèhning ta lagi rêkaos //

rinuruha: dhêdhasar santosèng kalbu / têtêp ing cipta nètèsi / titi praptaning panggayuh / kinarya dêdawa urip / nyambung talining lêlakon //

jajal kae swara apa kang gumrubug / lahdalah angin gung prapti / winor udan lir pinusus / lôngka timên udan iki / o, ya ta lah sutaning ngong //

dadi nglilir nangis ngayang-ayang têrus / pêtêng dhêdhêt jroning panti / banyunira kabèh mlêbu / joganira kadya banjir / angin mlêbu gêdhèg bolong //

wis mênênga babo sira sutaningsun / o o o o adhuh mati / êmpyakira uwis kabur / gêdhèg grebyag saka miring / ayo-ayo sutaning ngong //

mêtwèng jaba ngungsi tôngga mitra karuh / calèrète kang sung margi / gêlap nyambêr-nyambêr têrus / adhuh nyawa anak mami / urip pisan dadi lakon //

sun kêkudang besuk sira bangkit mêngku / kamulyan têtrêming urip / tinunggu kadonyan punjul / aja mêndêm marang ngèlmi / mundhak mêmêtêngi panon //

iya iki nraka donya kang maujud / cilaka timên wak mami / duwe laki tukang mupus / / sênêng nrima marang pasthi / mêndêm wadine murwèng don //

[Iklan]

wis wis bokne aja pijêr nguwus-uwus / bêcike tuku lotrèi / yèn wis mênang satus èwu / kanggo yasa omah loji / pinggir dalan magrong-magrong //

rak ya cocog kowe ta ya bokne gêndhuk / dhasar diyane èlèktris / motor sedhan modhèl baru / radhione lamun muni / tulang-tulung kaya lampor //

wis wis mênêng aku kêju lamun ngrungu / ujare wong mêndêm ngèlmi / jênèh kowe tan wruh petung / blônja sithik pengin loji / êmoh sewan kang nêm gelo //

Môngka iku gonku golèk sabên dalu / trêkadhang ulihe enjing / wis wis dhiêm aja muwus / gawe ewa kang miyarsi / samene bae disêtop //

Tejasusastra.

--- 1286 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Bab Pitulungan Dhoktêr.

I.

Garèng: Ayo Truk, timbangane padha ngrasakake lêlakon sing pating brêndhil lan pating kruwil, luwih bêcik padha omong-omong tirakatan, nèk-nèke banjur ana rêjêki kêsasar sing tumêka. Upamane bae, punjungan kanggo tôngga, dumadakan digawa mrene.

Petruk: Nèk kaya ngono kuwi rak padha bae karo sêdhêkah nyêmbêlèh pitiking tôngga. Kharam, Kang Garèng. Nèk mung omong-omongan bae, sagêndhingmu, tak ladèni, Kang Garèng, nanging saikine arêp rêmbugan ing bab apa.

Garèng: Ora, Truk, nèk tak rasak-rasakake kaanane ing jaman saiki kiyi têka iya anèh. Jarene saiki iki diunèkake jaman kamajuan, akèh wong pintêr, akèh wong sugih kawruh, akèh bôngsa kaum têlèk sing ngrêti nyang apa-apa. Nanging sing agawe gumunku kuwi, barêng anane kawruh saya rupa-rupa, saya warna-warna, lêlara kok iya ngamini bae, têgêse: anane lêlara kuwi, kok iya banjur saya rupa-rupa, saya warna-warna. Mara, pikirên Truk, dhèk jaman biyèn kuwi, lêlara mung ana warna lima utawa nêm, kaya ta: lara ngêlu, lara wêtêng, lara panas, korèngên, lan lara setanên, yaiku: lêlara sing jalaran kêna aral dening setan. Tur kabèh-kabèh tambane sing akèh mung: jêruk pêcêl, kok iya mari. Kaya ta: lara ngêlu, dipilisi jêruk pêcêl, lara panas dicêkoki, diwêdhaki, dikomprès, iya nganggo jêruk pêcêl, lara watuk, diumbèni, digosoki gorokane, iya nganggo jêruk pêcêl manèh. Apa manèh korèngên, o, kala samono mung dipopoki têlèk sapi bae, iya wis mari.

Petruk: Wiyah, wiyah, dhèk kala samono wong lara mung ditambani jêruk pêcêl bisa mari, kuwi rak mung saka bêgjane apa saka cilakane sing lara, jalaran ing kana durung gêlêm kêpondhokan nyawane. Mula iya nyata, jêruk pêcêl kuwi pancèn iya sok ana kanggo gawene tumrape lêlara, nanging iya ora kanggo sakabèhing lêlara. Kaya ta wong lara watuk, kuwi iya sok ana sing mari jalaran jêruk pêcêl, ya kuwi yèn watuk jalaran saka masuk angin sing mung sripit-sripit thok bae. Nanging wêruha, Kang Garèng, lara watuk kuwi jalarane sok rupa-rupa bangêt, kaya ta: wêtênge rêgêd, masuk lesus, parune tatu, lan sapadhane, mulane tambane iya

--- 1287 ---

beda-beda. Mêngkono uga lara panas upamane, iki jalarane iya sok rupa-rupa, iya saka angin, saka tatu, saka malariah, saka wêtênge rêgêd, mulane iya ora kêna, yèn anggêr lara panas, mung banjur ditambani: jêruk pêcêl ngono bae.

Garèng: Iya bênêr, Truk, nanging kowe rak iya mêksa kèlingan ta, yèn ing jaman biyèn lêlara kuwi ora pati rupa-rupa, warna-warna, singsing, kaya ing jaman saiki kiyi. Nanging barêng wong-wonge saya pintêr, lêlara jêbul malah saya mratah warna-warna bangêt. Mara, dhèk kowe isih cilik, andak iya ana lêlara kayadene: pulip, sing jarene irunge kudu dibêdhèl. Nèk jaman biyèn rak iya mung irunge bindhêng ngono bae. Banjur: lara gula, lara malariah tropikah, lara tai basu, wèh, iya kalakon ail têmênan cangkême saupamane dikon ngandhakake anane lêlara ing jaman saiki kiyi. Hara, Truk, saikine apa ora kêna diunèkake saya akèh wong pintêr, saya tambah-tambah akèhe lêlara.

[Grafik]

Petruk: Calathumu sing mangkono kuwi sanyatane mono kliru, Kang Garèng. Dhèk biyèn lan saiki, kuwi anane lêlara padha bae, iya akèh, iya rupa-rupa, mung bae ing jaman biyèn, wong-wonge isih padha bodho, durung bisa ambedak-bedakake marang siji-sijining lêlara, bisane mung ngarani: iki lara panas, kae lara ngêlu, lan sapadhane. Dadi padha bae karo nalika bangsane dhewe isih padha bodho-bodho kabèh kae, anggêre wêruh wong kathokan, iya banjur diarani: Lônda. Bisane ambedak-bedakake mung: kae Lônda putih, kiyi Lônda irêng. Seje karo saiki, barêng bangsane dhewe wis akèh sing pintêr, yèn wêruh wong kathokan, sanadyan sêpatune kiyèt-kiyèt pisan, iya bisa ngarani: Lônda Inggris, Lônda Dhidhong, Lônda Ambon, Lônda Sarimin ...

Garèng: Hus, wong sêmbrana, omong têka ambablas-bablas ora gênah mangkono. Ora, Truk, pancène mono aku arêp mèlu bungah, dene ing jaman saiki wis akèh bangsaku sing padha ngrêti, yèn lêlara kuwi rupa-rupa bangêt, lan uga wis akèh sing padha sumurup manawa lêlara kuwi kalahe karo sabôngsa, yaiku: bêndara dhoktêr.

Petruk: Mêngko sik, Kang Garèng, aku kok ora pati ngrêti marang caturanamu kuwi. Sajake kowe ora pati bungah, dene bangsane [bang...]

--- 1288 ---

[...sane] dhewe saiki wis akèh sing padha ngrêti paedahe ana: ndara dhoktêr kuwi. Apa kowe luwih bungah saupama bangsane dhewe kiyi ginanjar lara banjur anjaluk pitulungan marang dhukun, utawa migunakake tômba-tômba sing ora ambêjaji-ambêjaji.

Garèng: Ora sabab iku, Truk, sing gawe suda bungahku, nanging anggone bangsaku mung sajak dikon sêtêngah matêng ajêgan kiyi, sabab lêlakone bangsaku kuwi wis biasa, yèn ora doyan, sok dicokol-cokolake, nanging mêngkone yèn wis karêm, banjur diêngèl-êngèl. Kaya ta: jamane lagi ana sakolahan kang kapisanan kae, dhonge mono bangsane dhewe ora sudi dikon sêkolah-sêkolah kuwi, nèk anak pyayi aluwung kêdhedhar-kêdhèdhèr turut dalan, nèk bocah ing desa iya aluwung angon kêbo utawa ngrewangi wong tuwane, sabab wong iya durung ngrêti rasane wong sêkolah, mulane iya ora doyan. Nanging suwe-suwe barêng wis ngicipi rasaning sêkolahan, lo, kok enak, kok gandêm, kok sêdhêp, bangsaku iya banjur doyan bangêt, malah kêna diunèkake karêm, nanging anane sakolahan jêbul banjur diprithili. Hara, gênahe bangsane dhewe kiyi apa dikon sêtêngah matêng bae, awit nèk kêpintêrên, mêngko mundhak ... rèwèl.

Petruk: Hla, kaliru tômpa kowe, Kang Garèng, kang wajib ora pisan-pisan saupama kagungan panggalih kuwatos, yèn para kawulane banjur kêpintêrên, anggone anane sakolahan dikurangi, jalaran, kowe rak iya wêruh dhewe, yèn ingkang wajib piyambak lagi kêkurangan dhuwit, dadi kapêksa kudu ngurangi apa bae. Kajaba iku, Kang Garèng, ora ana nagara utawa praja sing kabèh-kabèhe mung arêp dibodhokake marang ingkang wajib bae, para kawulane iya mêsthi kudu mèlu cawe-cawe. Malah mungguhing aku bêcik bangêt, dene ingkang wajib krêsa ngêlongi cacahing sakolahan kuwi. Sabab saupama kabèh-kabèh mung ingkang wajib piyambak sing nganakake, kiraku iya ora bakal banjur ana kadadeyan kaya saiki kiyi, yaiku: anane pirang-pirang sêkolahan sing diêdêgake dening bangsane dhewe, sing cocog karo adat tatacarane bangsane dhewe kiyi, kathik salaras karo jamane.

Garèng: Nèk kowe kuwi pancèn iya ana bae wangsulane, Truk, Truk. Saiki padha ambalèni rêmbuge ing ngarêp ing bab gêdhening gunane ndara dhoktêr sakapintêrane, yaiku ngèlmune padhoktêran. Tumrape bangsaku, saikine mula iya prêcaya bangêt, apa manèh wong-wong bangsaku sing padha manggon ing kutha kang gêdhe-gêdhe, wèh, hla kuwi ibarate ngêlu sathithik, iya banjur: ndara dhoktêr diaturi.

Pawartos saking Rêdhaksi.

Lêngganan no. 3559. Manawi tiyang ingkang gigat wau pancèn warisipun A tuwin B, gigatipun têmtu dipun tampèni. Lajêng warisan dados prakawis. Nanging kosok wangsulipun, manawi ingkang gigat wau sanès waris, inggih botên sagêd.

Lêngganan nomêr 3098. Sêrat Jiwandana sampun dipun tampèni, matur nuwun, manawi wontên peranganipun isi ingkang cocog kalihan kajêngipun Tatwawara, inggih badhe kapêthik.

--- 1289 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKI.

Kapocot. Miturut sêrat kêkancingan Gupêrnur ing Jawi Têngah tanggal 4 October 1935 Radèn Asparin pangagêng Distrik Panarukan, Kabupatèn Panarukan, Karesidenan Bêsuki, kapocot saking padamêlanipun kanthi urmat, jalaran sampun marambah-rambah katitik anggènipun botên sagêd nyêkapi padamêlanipun.

Adat ingkang nggêgirisi. Wontên telgram saking Manukwari martosakên, bilih salêbêtipun wulan Sèptèmbêr ingkang mêntas kapêngkêr punika wontên tiyang 80 panunggilanipun bangsa Sigiali lan Sigianbad saking laladan Centrale Vogelkop sami damêl pêpêjah. Tiyang-tiyang wau kacariyosakên panunggilanipun bangsa ingkang taksih purun nêdha tiyang. Anggènipun damêl pêpêjah wontên ing panggenan ingkang têbihipun saking gisik namung wontên lampahan gangsal dintên. Mila ngantos konangan lan kapirêng dening pamarentah ingkang kawogan. Suwau pamarentah lan para pangagêng ing pasisir dèrèng ngrêtos yèn ing laladan kasêbut nginggil wontên tiyangipun ingkang taksih sami gadhah adat ingkang anggêgirisi makatên wau. Sarêng mirêng wartosipun, pamarentah ing Sorong lajêng miji punggawa lan pulisi kapurih ngyêktosakên. Punggawa praja lan pulisi kalampahan sagêd ngêpung tiyang ingkang sami damêl pêpêjah wau. Salajêngipun tiyang-tiyang wau sami kacêpêng. Nalika badhe ngluwari tiyang-tiyang ingkang sami katawan dados rencangipun bangsa wau, pulisi wontên ingkang kataton jalaran kataman dêdamêl ranju. Sadaya wau, kalampahanipun wontên ing panggenan ingkang têbihipun saking gisik wontên lampahan sadasa dintên. Miturut papriksan tiyang-tiyang ingkang sami kacêpêng wau dèrèng nate sumêrêp bangsa kulit pêthak.

Badhe yasa pasabinan. Residhèn Tuwan J. Oberman nalika tanggal 4 wulan punika sampun mangkat saking Marseille, numpak kapal dhatêng Singgapur. Wontên ing Singgapur ngalih numpak kapal K.P.M. badhe nglajêngakên lampah dhatêng Pontianak inggih punika laladan ingkang badhe dipun pangagêngi piyambakipun. Ingriku tuwan residhèn tumuntên badhe tata-tata anggènipun badhe yasa siti pasabinan 50.000 H.A. ing tanah Borneo sisih kilèn kangge nyadhiyani bangsa Jawi ingkang purun badhe têtruka ing ngriku. Manawi kasêmbadan utawi lajêng sagêd angsal toya sacêkapipun kanthi lampah ingkang sakeca, pasitèn wau inggih badhe kathah wulu wêdalipun. Sabageaning pasitèn wau ingkang dumunung wontên ing kiwa-têngênipun Singkawang, yèn lêstantun sagêd kadamêl pasabinan, kintên-kintên sagêd suka panggêsangan dhatêng tiyang 30.000 utawi 40.000 semah.

Nanging rancangan wau ing samangke dèrèng gumathok. Ir. Verwey ingkang pungkasanipun wulan October punika badhe wangsul dhatêng tanah ngriki malih, têrus badhe dhatêng Borneo sisih kilèn, prêlu badhe nitipriksa kawontênaning pasitèn ing laladan ngriku. Tumindaking papriksan kintên-kintên 5 wulan sawêg badhe sagêd rampung. Manawi papriksan punika sampun rampung sawêg katêmtokakên èstu lan botênipun anggènipun badhe yasa pasabinan wau.

Puspa Rinonce. Nalika dintên Sêtu malêm Ngahad tanggal kaping 5/6 October ingkang sampun kapêngkêr punika pakêmpalan priyantun putri Puspa Rinonce ngawontênakên pasamuwan mawi langên ringgit wacucal, kangge mèngêti adêgipun pakêmpalan sampun pitung taun. Pangarsa sêsorah ngandharakên kawontênanipun pakêmpalan ing salêbêtipun pitung taun wau. Eman, dene botên wontên gambaripun (Redactie).

Lintonan padamêlan. Miturut sêrat kêkancinganipun gupêrnur ing Jawi Têngah tanggal kaping 3 October 1935, Mas Anggris Yudodiprojo, pangagêng ondêr dhistrik ing Karesidenan Kêdiri lan Mas Sunarko aliyas Mas Joyosunarko tijdelijk waarnemend ajun jaksa klas I ing kantor Landraad ing Tulungagung, Karesidenan Kêdiri, katêtêpakên kêdah sami lintonan padamlêan. Ingkang makatên wau kamanah prêlu supados tumindaking padamêlan nagari dados lan saenipun.

A.S.I.B. ing Bumijawa. Benjing dintên Sênèn malêm Slasa lan Slasa malêm Rêbo tanggal kaping 14/15 lan 15/16 October ngajêng punika ing Bumijawa badhe dipun wontêni têtingalan pêncak, katrampilan numpak sêpeda, kêthoprak, tonil lan pêthilan, inggih punika wontên ing gêdhong tilas gudhang kopi pinggir alun-alun (voetbalterrein). Angsal-angsalanipun sadaya badhe kadrêmakakên dhatêng A.S.I.B. Mugi sami karsaa rawuh mriksani têtingalan wau amargi angsal-angsalanipun badhe kangge mitulungi tiyang bumi ingkang sami sangsara gêsangipun. Rêginipun karcis: Loge f 0.75. Klas I f 0.50. Klas II f 0.25. Klas III f 0.15. Klas IV f 0.05. Lare umur kirang saking 10 taun mbayar sapalihipun rêrêgèn wau.

AFRIKA.

5 October.

Kabar saking Geneve:

Commissie nêm, inggih punika Commissie ingkang dipun pasrahi ngrêmbag bab pêpêrangan Italie-Ethiopie ngawontênakên parêpatan dangunipun 55 menit. Wusana lajêng sarujuk, sami ndakwa yèn Italie ingkang ngrumiyini nêmpuh ngajak pêpêrangan. Punika badhe kalapurakên dhatêng Volkenbond.

6 October.

Kabar saking Londen:

Martosakên bilih pêpêrangan ing Abessinie saya ngrêbda, wadyabala Italie saya ngangsêg saking lèr mangidul. Kajawi Adua, Dolo ing pojok lèr wetan ugi sampun katêlukakên lan kaêjègan wadyabaa Italie.

Ing kidul lan ing wetan barisan bangsa Italie ugi ngangsêg tansah majêng kemawon. Gerlogubi sampun kaêjègan. Salajêngipun wadyabala Italie kinintên botên badhe manêngah saking Adua mangidul, jalaran ing ngriku kathah parêdènipun ingkang ngalang-alangi lampah. Dados anggènipun badhe majêng manêngah ing sabagean agêng kintên-kintên saking wetan mangilèn, inggih punika saking tanah Somali jajahan Italie ngênêr Harrar, mêdal provincie Ogaden, awit pasitèn ing ngriku mêndhak-mandhukulipun botên sapintêna. Jalaran saking punika mila wadyabala Ethiopie kathah sami nglêmpak ing sakiwatêngênipun Harrar, Jijiga lan Diredawa, prêlu jagi badhe nanggulangi, samangsa mêngsah dumugi ngriku.

Pangangsêgipun wadyabala Italie saking kidul dipun wiwiti sarana nglampahakên kapal mabur ngêbomi Gerlogubi lan

--- 1290 ---

Gorahai, ingkang wusananipun lajêng sagêd ngêjègi Gergolubi.

Ambaserkouta lan Tabetcha ing Ethiopie sisih lèr ugi sampun kajawahan bom saking nginggil.

Kabar saking Rome: Wadyabala Ethiopie nêmpuh badhe pêpulih ngrêbat kitha Adua, nanging tanpa damêl. Lajêng kapêksa mundur.

Kabar saking Cairo: Pangeran Omar Tousson kapenakanipun Raja Fuad, anênangi dhatêng para kawula ing tanah Mesir, supados sami purun nglêmpakakên arta kangge mitulungi bangsa Ethiopie.

Kabar saking Nairobi: Tiyang-tiyang sami ngawontênakên parêpatan agêng, wusana sarujuk badhe nêdha idin dhatêng pamarentah nêdya ngrencangi pêrangipun bangsa Ethiopie.

7 October.

Kabar saking Addis Abeba: Pamarentah ing kitha karajan Addis Abeba suka parentah supados sakolahan-sakolahan katutup, jalaran ngèngêti bêbaya panêmpuhipun mêngsah ingkang sampun dumugi tapêl watês Harrar lan Jijiga. Kuwatos manawi kadhawahan bom.

Kabar saking Londen: Wêwakil nagari Inggris ing Addis Abeba kintun telgram dhatêng departement Buitenlandsche zaken ing Londen, nêdha supados wêwakil nagari Inggris ing Italie dipun purih ngèngêtakên pamarentah ing Italie, sampun ngantos nglajêngakên nêmpuh ngêbomi kitha Addis Abeba lan Diredawa. Amargi kitha kalih wau botên dipun santosani lan kathah tiyangipun ngamanca.

Kabar saking Harrar: Pêpêrangan ing sakiwatêngênipun Harrar rame sangêt, ngantos campuh kuwêl. Wadyabala Ethiopie adêdamêl tumbak, pêdhang lan lading dipun tanggulangi prajurit Italie ingkang sami adêdamêl sanjata. Wadyabala Italie ingkang sabagean bosah-basèh, kêndhih.

Kabar saking Addis Abeba: Minister Buitenlandsche zaken kintun telgram dhatêng secretaris Volkenbond, martosakên bilih Adua lan Adigrat sampun karêbat mêngsah jalaran dipun jawahi bom saking kapal mabur. Wadyabala Ethiopie kapêksa mundur.

Kabar saking Rome: Ing Italie tiyang sanagari sadaya sami suka-suka lan nglairakên gambira lan bingahing manah, jalaran wadyabala Italie sagêd ngrêbat kitha Adua.

8 October.

Kabar saking Addis Abeba: Bangsa Erythrea ingkang sami dados wadyabala Italie wiwit sami minggat. Ingkang miruda rumiyin piyambak wontên tiyang sèkêt, bangsa Erythrea saking Makalle. Kesahipun kalihan mbêktani dêdamêl machinegeweer, kuldi ngêmot dêdamêl pêrang lan mriyêm satunggal. Bibar punika lajêng wontên malih bangsa Erythrea tiyang 200 asal saking Agane ingkang nututi minggat.

Kabar saking papan pêpêrangan ing sisih lèr: Kawartosakên bilih bangsa Italie ing papan ngriku wiwit migunakakên bangsaning gas kangge nglimputi papan pêpêrangan murih tiwasipun mêngsah. Mangka wadyabala Abessinie ingkang sabagean kathah botên kasadhiya topèng panulak gas.

Kabar saking Addis Abeba: Wadyabala Italie ngêbyuki distrik Dolo ing saantawisipun tanah Somali jajahan Italie ing tanah Kenia jajahan Inggris. Wadyabala angsa Ethiopie ing ngriku kapêksa mundur, nanging lajêng sagêd nglêmpak lan mapan malih badhe nanggulangi mêngsah.

Ing sisih kidul wadyabala Italie kalihan wadyabala Ethiopie dèrèng ngantos kêlampahan campuh.

9 October.

Kabar saking Geneve: Ing ngajêng sampun kacariyosakên bilih Commissie Ênêm sampun ngrêmbag bab pêpêrangan Italie-Ethiopie sarta lajêng ndakwa Italie ngrumiyini nêmpuh ngajak pêrang. Punika lajêng karêmbag dening Commissie sanèsipun malih inggih punika Commissie Tigawêlas. Angsal-angsalanipun pangrêmbag wawasanipun Commissie Ênêm dipun ewahi sakêdhik lajêng kalaporakên dhatêng Volkenbond. Volkenbond ngrujuki palapuran wau, nêtêpakên bilih Italie kalêpatan, jalaran, ngrumiyini nêmpuh ngajak pêrang. Jalaran saking punika, miturut anggêr Volkenbond wênang suka pangadilan ingkang atêgês kangge midana dhatêng nagari ingkang kalêpatan jalaran ngrumiyini nêmpuh ngajak pêrang lan kangge sarana supados pêpêrangan enggal kèndêl. Manawi sampun katêtêpakên ingkang wajib ngêcakakên pidana inggih punika para nagari ingkang sami dados warga Volkenbond. Miturut anggêr pidana ingkang kenging dipun cakakên wontên tigang warni, inggih punika:

1. suka pangadilan ing bab gêgandhengan babagan diplomatiek sanès babagan consulair;

2. matêsi têbaning tumindakipun pos, sêpur lan lampah sanès-sanèsipun;

3. matêsi babagan economie, inggih punika matêsi mlêbêting barang-barang dêdamêl militair saking sanès nagari Italie (ngrumiyini nêmpuh pêrang) sarta matêsi mêdalipun barang dagangan saking Italie.

Manawi pidana wau botên mikantuki, têgêsipun mêksa botên sagêd ngêndhakakên trajangipun Italie, Volkenbond wênang ndhawahakên pidana sanèsipun ingkang langkung awrat, inggih punika mrentahi dhatêng sadaya nagari utawi nagari sawatawis supados ngêpung (blokkade) Italie. Nanging punika kêdah dipun rêmbag rumiyin lan kenging kaêcakakên manawi botên wontên lampah sanèsipun malih.

Miturut wartos nagari-nagari warga Volkenbond mèh sadaya sami ngrujuki tumut ndakwa Italie kalêpatan. Namung Oostenrijk lan Hongarije ingkang botên ngrujuki, jalaran ngèngêti kabêtahanipun piyambak-piyambak.

[Grafik]

Sang Mussolini. Inginggil punika gambaripun Sang Mussolini nuju pitakèn ing bab lapahing radio ingkang dipun gunakakên wêkdal ngawontênakên pêrang-pêrangan wontên ing Bolzano, Italie.

--- 1291 ---

Wêwaosan

Wangsulipun Tarsan.

Piridan saking buku karanganipun Tuwan Edgar Rice Burroughs.

43

Sasampunipun gêgununganing pandhita pawèstri rampung anggèning mêmuja, sawêg purun nyawang dhatêng Tarsan. Dene anggènipun nyawang wau kalayan dipun tamatakên sangêt, saking ngandhap manginggil, saking nginggil mangandhap. Salajêngipun pandhita pawèstri wau lajêng ngajak wicantênan dhatêng Tarsan saha lajêng ngadêg anjêjêr, kadosdene angêntosi kadospundi mênggah wangsulanipun Tarsan.

Tarsan amangsuli: Kula botên mangrêtos dhatêng basa sampeyan. Krêsaa ngandika mawi basa sanès. Nanging pandhita pawèstri gêntos botên mangrêtos, sanadyan Tarsan amigunakakên basa: Prancis, Inggris, Arab, Wasiri, lan pungkasanipun amigunakakên basa campuran ingkang kalimrah dipun angge wontên pasisir tanah Aprikah.

Pandhita èstri tansah agèdhèg-gèdhèg kemawon, lan nitik wêdaling suwaranipun ing sêmu manahipun ragi mangkêl, saha lajêng parentah dhatêng para pandhita sanès-sanèsipun, supados sami anglajêngakên anggèning sami kêkidungan. Para pandhita ugi sami mituruti, malah lajêng sami amiwiti malih anggèning sami jêjogedan, ingkang ing wusana lajêng kapurih kèndêl dening gêgununganipun para pandhita pawèstri wau. Dene salêbêtipun para pandhita sami kêkidungan lan jêjogedan wau, sang pandhita pawèstri kasêbut nginggil, botên kêndhat tansah amandêng dhatêng Tarsan.

Kanthi sasmita kumlawening tanganipun sang pandhita èstri, sanalika Tarsan lajêng kajunjung dening para pandhita jalêr saha lajêng kaglethakakên wontên ing papan pakurbanan. Sarèhning papan wau tumrapipun Tarsan botên anyêkapi, amila sirahipun lajêng andhêglag, tuwin sukunipun tirah dados ongkang-ongkang. Salajêngipun para pandhita jalêr sami ngadêg ajèjèr-jèjèr, adhêp-adhêpan kalihan para pandhita èstri, sadaya sami angajêngakên dhatêng prênahing kurban, sami asadhiya bokor kêncana kangge anadhahi rahipun kurban ingkang nuntên badhe kapragad.

Ing larikanipun para pandhita jalêr, ujug-ujug wontên pradondi sami rêbat ngajêng sintên ingkang kêdah wontên ing ngajêng piyambak. Wontên tiyang satunggal ingkang agêng piyambak wujudipun mèmpêr gorilah, punika ingkang lajêng anjorogakên kancanipun ingkang langkung alit. Nanging pandhita ingkang kasingkirakên lajêng nêdha pitulung dhatêng gêgununganing pandhita èstri, wusana sang pandhita pawèstri amarentah sêrêng dhatêng pandhita ingkang anjorogakên kancanipun wau, kapurih ngadêg manggèn wontên ing larikan wingking piyambak. Ing kala punika Tarsan mirêng anggèning bêkah-bêkuh pandhita agêng wau sumingkir dhatêng papan ingkang dipun tuding.

Salajêngipun gêgununganing pandhita èstri, ingkang ngadêg wontên sanginggiling Tarsan, kadosdene undang-undang, makatên wau pangraosing Tarsan. Salêbêtipun kadosdene undang-undang wau, ladingipun ingkang tipis lan landhêp lajêng kaangkat. Rumaosipun Tarsan, anggèning ngangkat lading wau katingal alon sangêt, lan benjing punapa dhawahing lading wontên ing dhadhanipun Tarsan ingkang angliga punika, Tarsan botên sumêrêp.

Salajêngipun lading kaandhapakên, ing sakawit alon-alon, nanging saya dangu saya dipun kagètakên, ingriku Tarsan taksih sagêd mirêng gêrêng-gêrênging pandhita agêng ingkang kaukum wau. Panggêrêngipun saya dangu saya kamirêngan sêru. Pandhita èstri sanès ingkang ngadêgipun cêlak ngriku, lajêng angèngêtakên kanthi sêrêng. Ing kala punika ladingipun gêgununganing pandhita èstri sampun mèh nuwêg ing dhadhanipun Tarsan, nanging kandhêg sarta lajêng tumênga kanthi muring-muring, jalaran rumaos dipun rêrigoni dening suwaraning pandhita èstri ingkang angèmutakên pandhita ukuman wau.

Nanging ing kala punika ujug-ujug lajêng rame, lan sarêng Tarsan mengo sagêd anyumêrêpi bilih pandhita ukuman wau ngobat-abitakên bindinipun kangge amrêjaya kancanipun pandhita èstri ingkang elik-elik ngantos dumugi pêjahipun. Sasampunipun makatên, Tarsan lajêng nyipati lêlampahan ingkang botên beda kadosdene lêlampahanipun sato wana, kados ta: kêthèk, gajah lan sapanunggilanipun, manawi pinuju muring-muring ngantos amêjahi kancanipun, punika ingkang kêlimrah lajêng saya butêng, saha lajêng soroh amuk. Makatên ugi pandhita jalêr agêng wau, sarêng sampun amêjahi kancanipun pandhita èstri, inggih lajèng butêng soroh amuk. Sarana bindinipun ingkang awrat wau, piyambakipun lajêng ngiwut kônca-kancanipun.

Cêkakipun pandhita ukuman wau lajêng ngamuk punggung, nir baya, nir wikara, inggih migunakakên bindinipun, inggih migunakakên untunipun, kangge nyirnakakên kônca-kancanipun ingkang kaanggêp mêngsah. Salêbêtipun wontên amuk-amukan punika, gêgununganing pandhita èstri kamitonggongên, ladingipun namung ngathung dipun cêpêngi wontên ing sanginggiling dhadhanipun Tarsan kemawon, sarta sêmunipun kadosdene gila dhatêng tandanging pandhita ukuman wau.

Ing wêkdal punika ing papan ngriku, jalaran katilar dening para pandhita ingkang sami lumajêng, namung kantun têtiyang ingkang sampun sami pêjah,

--- 1292 ---

ingkang sêtêngah pêjah, kurban, gêgununganing pandhita èstri tuwin pandhita ukuman ingkang asoroh amuk wau. Sarêng sang soroh amuk sumêrêp gêgununganing pandhita èstri, saya langkung muntap manahipun. Kanthi alon-alon sang soroh amuk amurugi gêgununganipun pandhita èstri, sarta lajêng awicantên. Ingkang adamêl gumuning manahipun Tarsan, dene wicantênipun wau piyambakipun mangrêtos, awit basa ingkang dipun pigunakakên ing kala punika, basaning wanara ingkang nunggil basa kalihan bangsanipun kêthèk ingkang ngopèni Tarsan ing jaman samantên. Dene wangsulanipun pandhita pawèstri, ugi mawi basa punika.

Pandhita ingkang soroh amuk angancam, gêgununganing pandhita èstri angarih-arih kanthi têmbung ingkang manuhara, supados lilih, sabab pandhita èstri mangrêtos, bilih panguwasanipun tumrap pandhita kranjingan wau sampun tanpa daya. Samangke pandhita kranjingan sampun cêlak kalihan sang pandhita èstri, saha lajêng brangkangan ngubêngi papan kurban kalihan ngêngakakên kukunipun ingkang landhêp.

Tarsan nyobi budi nêdya anguwalakên tangsul ingkang ambônda tanganipun. Nalika Tarsan makatên wau, gêgununganing pandhita èstri botên sumêrêp, jalaran pandhita èstri wau, dening bêbaya ingkang angancam ing saliranipun, lajêng supe dhatêng kurbanipun. Nalika sang soroh amuk anglangkungi Tarsan mêncolot nêdya nubruk pandhita èstri, Tarsan angêtog karosan nêdya anguwalakên tangsul ingkang analikung wau. Sabab saking anggènipun polah wau, Tarsan dhawah gaglundhung mangandhap. Dhawahipun wau kaprênah ngandhap sangajênging papan pakurbanan. Wusana sarêng Tarsan gumregah tangi, tangsul badanipun uwal, nanging ing kala punika nyumêrêpi, bilih wontên ing kamar sukci ngriku kantun piyambakan, gêgununganing pandhita èstri lan sang soroh amuk sampun botên wontên.

Nanging botên watawis dangu Tarsan mirêng wontên panjêriting tiyang kaprênah ing papan pêtêng ingkang kados guwa sacêlaking pakurbanan, inggih punika papan ingkang kala samantên kangge mêdalipun sang gêgununganing pandhita èstri. Tanpa angèngêti kawilujênganipun piyambak, punapadene ugi botên ngèngêti, bilih ing wêkdal punika Tarsan sagêd oncat saking bêbaya, sarêng mirêng panjêriting pawèstri nêdha tulung, sanalika punika Tarsan enggal tumandang. Kanthi cikat Tarsan lumêbêt dhatêng papan ingkang pêtêng wau, têrus mandhap nurut undhak-undhakan. Badhe dumugi pundi purugipun, Tarsan botên sumêrêp.

Salajêngipun Tarsan anjog wontên ing papan wiyar, ingkang padhangipun namung saking soroting bolongan alit-alit, sarta ing ngriku pinanggih kathah butulan-butulan ingkang pêtêng sangêt. Nanging Tarsan lajêng botên amigatosakên wontênipun butulan-butulan wau, jalaran ingkang langkung wigatos, inggih punika ingkang dipun padosi, sampun wontên ngajêngipun. Ing kala punika sang soroh amuk sampun sagêd ambanting sang pandhita èstri, sarta katingal ingkang tanganipun akuku landhêp nêdya kapigunakakên kangge anêkêk gurungipun sang pandhita èstri, dene sang pandhita èstri piyambak polah karoncalan badhe bôngga angoncati bêbaya wau.

Nalika githokipun sang soroh amuk ujug-ujug kacêpêng rosa dening Tarsan, sakalangkung kagètipun saha lajêng ambalik nêdya ananggulangi. Kanthi lambe ingkang muruh tuwin untunipun ingkang kaisis, tandangipun sang soroh amuk prasaksat tikêl sadasa wêwahing kêkiyatanipun. Saking pêtênging panonipun, sang soroh amuk ngantos supe botên migunakakên dêdamêlipun pêdhang ingkang sinangkêlang, nanging ing kala samantên sajak kados wangsul dhatêng kewanipun malih. Ingkang minôngka kangge dêdamêlipun namung kêkiyatan lan landhêping untu lan kukunipun.

Sanadyan sang soroh amuk prigêl angêmpakakên kêkiyatan landhêping untu tuwin kukunipun, nanging samangke ajêng-ajêngan kalihan mêngsah ingkang anglangkungi kaprigêlan tuwin kêkiyatanipun mênggahing pôncakara cara makatên punika, awit ing wêkdal samantên Tarsan ugi supe dhatêng kamanungsanipun awangsul dados kewan malih. Ing ngriku Tarsan ujug-ujug lajêng angrukêt sang soroh amuk. Satêmah lajêng gulêt kalihan mêngsahipun, botên beda kadosdene tarunging kêthèk bangkokan jalêr kalihan bangsanipun. Dene gêgununganing pandhita èstri sumingkir saking bêbaya ngadêg mèpèt ing tembok sêmu kamigilan lan giris nyumêrêpi sato kalih ingkang sawêg sami tarung pating barêkuh punika.

Dangu-dangu gêgununganing pandhita èstri nyumêrêpi anggènipun tiyang mônca nyandhak gurungipun sang soroh amuk sarta anggènipun tansah andhawahakên kêpêlanipun dhatêng sirahing sang soroh amuk. Botên watawis dangu badanipun sang soroh amuk kakêplèkakên ing siti tanpa sambat pêjah kapisanan. Sasampunipun makatên, Tarsan lajêng kakirig, sukunipun kaidakakên ing badaning mêngsah, sirahipun kadhêngklakakên dhatêng wingking. Sarta lajêng amêre ngêdalakên suwara kadosdene caraning kêthèk ingkang sagêd unggul yudanipun. Nanging sarêng sumêrêp bolongan ing sanginggil sirahipun, anggèning mêre-mêre wau botên kalajêngakên.

Pandhita pawèstri neneman ingkang kala pôncakaranipun tiyang jalêr kêkalih wau tanpa daya jalaran saking kagèt tuwin kamigilanipun, ing samangke rumaos, sanadyan ing wêkdal punika sampun uwal saking bêbaya pakartining sang soroh amuk, nanging lajêng dhawah ing tanganipun tiyang ingkang suwaunipun badhe kaukum pêjah. Sang pawèstri mulat ngiwa nêngên nêdya oncat saking ngriku. Sarêng pawèstri badhe lumêbêt ing butulan ingkang pêtêng sacêlakipun, Tarsan têrus angawasakên kemawon. Kanthi sapêncolotan Tarsan sampun sagêd nyakêti saha lajêng anyêpêngi tanganipun sang pandhita èstri wau.

Tarsan lajêng awicantên mawi basaning kêthèk makatên: Mangke rumiyin.

Sang pandhita pawèstri nyawang dhatêng Tarsan kanthi gumun sangêt sarta lajêng pitaken: Sintên sampeyan punika, têka sagêd migunakakên basaning manusa ingkang tinitahakên rumiyin piyambak. Badhe kasambêtan.

--- 157 ---

Nomêr 40, taun V.

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu.

Banjir Gêdhe

Yèn nuju môngsa katiga, akèh wong sambat panas, pangarêp-arêpe êndang anaa udan. Nanging yèn ana udan, lagi ambaladhêg têlung dina bae, wong wis sambat, pijêr udan bae. Dadi uwong iku mung sarwa ngewuhake, kabèh mung sarwa ora kabênêran.

Ing sajrone môngsa têrangan, wong padha sambat panase, sumur-sumur akèh kang asat, tanduran padha mati, ing dalan akèh blêdug.

[Grafik]

Barêng môngsa udan, wong sambat ora kobêr lungan, dalan-dalan padha jêblog. Malah kabacuting udan bisa nganakake banjir.

Ing bab banjir iku kalêbu sawijining bêbaya, tumrap papan panggonan kang katrajang, wonge padha kataman ing kasusahan, malah ana kang andadèkake kasangsaran gêdhe, akèh wong mati, kalirên, omah-omah padha rusak, banjur tuwuh lêlara, kayadene kang tinêmu ing nagara Tiongkok, kèhing wong mati lan kang kasangsaran, kêna diarani nganti tanpa wilangan. Malah tinêmune ing Tiongkok, kêna diarani mèh sabên taun ana kasangsaran kaya ngono.

Kajaba ing Tiongkok, banjir iku uga tinêmu ing ngêndi panggonan kang èndhèk, lan banjir iku êndi kang diarani gêdhe, uga gawe karusakan kang luwih gêdhe. Kang kacêtha ing gambar, iku banjir ing

--- 158 ---

kutha Massilon, Amerikah, ing sajroning kutha nganti kêlêban banyu, oto-oto kang mlaku padha narajang banyu kang ketok kimplah-kimplah.

Yèn wujude sajak nyênêngake, nanging sabênêre, iku sawijining sawangan kasusahan.

Tumraping bocah wajib mangrêti.

Watak kang Dhêmên Nêniru

Watak dhêmên nêniru, iku tumraping bocah kêlumrah bangêt, ora kurang lêlakon kang anèh-anèh banjur ditiru ing bocah, upamane mêntas ana wong digantung, iya banjur ana bocah niru gawe apa-apa kang rekane nganggo kaya digantung.

[Grafik]

Kaya ta jamane ana oto anyar-anyaran, iku akèh bocah kang niru patrape wong nglakokake oto, karo nunggang apa-apa, cangkême muni gag, gog, tangan suraweyan, kaya nyingkirake wong kang mlaku ana ngarêpe, cêkake warna-warna bangêt patrap anggone niru.

Ana manèh bocah kang nirokake patraping pêrang-pêrangan, rekane ana kang dadi brandhal, yaiku kang dianggêp mungsuh saka jaba nagara, kang pêrangan padha anggawa wilah, dipêtha bêdhile. Ing mêngko samôngsa campuh, para bocah padha muni nirokake suwaraning bêdhil, rame bangêt. Ing kono ana kang rekane banjur mati, kêtaton, kêplayu lan liya-liyane. Nanging ana kang dadi grêjêgan, amarga dianggêp uwis kêbêdhil, ora gêlêm ambruk, ditêtêpake kalah ora gêlêm.

Patrap pêrang-pêrangan kaya ngono mau, yèn nuju ana pêrangan têmênan, akèh kang niru, miturut saka pawarta. Êndi kang nuju mênang, sapa kang nirokake, patrape kudu unggul.

Satêmêne tindak kaya ngono mau ora mung ditulad ing bocah bae, sanadyan wong tuwa ya ana kang nulad.

Ing môngsa iki ana pawarta ing bab arêp pêrange Itali karo Ngabêsi. Ing bab iku, kabênêran ing Ulm, Jêrman, mêntas ana rame-rame ing banyu, ing kono dianakake rekan pêrang Itali karo Ngabêsi. Kaya kang kacêtha ing gambar.

Dadi watak dhêmên niru, iku sanadyan wong tuwa iya ora kurang.

--- 159 ---

Pabrik Motor Mabur

Ing sadurunge ana motor mabur, durung ana wong rasanan kang ngambah gagana, kajaba ngrasani satriya ing Pringgadani.

Barêng wiwit ana motor mabur gumune wong ora kira-kira, nanging wong kang wêruh wujude isih arang-arang bangêt, amarga kang ana mung ing nagara kang gêdhe-gêdhe.

[Grafik]

Barêng ana motor mabur ngambah ing ngêndi-êndi, ing kalane katêmbèn, sapa kang wêruh padha gumun karo alok-alok. Nanging barêng wis saya lumrah, wong kang krungu suwaraning motor mabur ing awang-awang, sajak ora kagèt, sanadyan bocah pisan, iya ayêm bae. Saka nganggêp wis lumrah.

Nanging barêng ana pawarta yèn ing tanah kene bakal ana pabrik motor mabur, akèh kang padha gumun, banjur padha ngira yèn pabrik iku gêdhe bangêt.

Murih cêthane, coba nontona gambar kang sumandhing iki, iku gambare pabrik motor mabur ing nagara Walônda. Wong-wong kang nyambut gawe, iku padha gawe suwiwi.

Saupama ing besuk kalakon ing tanah kene ana pabrik motor mabur têmênan, lan wis akèh, mêsthine saya dianggêp lumrah bangêt.

Bêgja bocah ing jaman saiki bisa nyumurupi rêrupan akèh, kang dhèk biyèn durung ana babarpisan.

--- 160 ---

Ala Winalês Bêcik

VI.

[Durma]

Pangran Wragil mangsuli sêmune santak / punapa kula inggih / botên kenging uwal / supados kula tiwas / yèn tiwas punapa inggih / kakang mas bingah / bok inggih dipun galih //

awit kula ngrêtos wataking tukaran / ngatasing kakang adhi / yèn niyat tegaa / punapa inggih nyata / sami lêga ing panggalih / rak inggih mokal / prayogi dipun galih //

kula botên niyat nglawan kadang tuwa / pun kula taksih eling / dene anggèn kula / budi sumêdya bôngga / inggih sintên purun sakit / kula sumôngga / mugi parêng anggalih //

pangran pati ing galih durung narima / ngandikane mêdèni / kowe pancèn bisa / nênata ulah basa / têmbungmu ketok ngêthawit / lan sugih gêlar / tandhane wong muthakil //

kuwi apa tandhane isih katara / anggonmu malangkêrik / kono sanalika / pangran wuragil ngrasa / yèn rada kaladuk wani / nuli anyêmbah / karo marêbês mili //

saka eling wani mênyang kadang tuwa / nanging patrape kuwi / ora pisan-pisan / gawe lilihing duka / barêng pangeran wuragil / trape mêmêlas / dukane malah tangi //

pangran loro padha barêngan anjangkah / nêdya nubruk kang rayi / upama kêcandhak / arêp disêmpal-sêmpal / nanging Pangeran Wragil /Kurang satu suku kata: nanging pangeran wuragil. ngoncati endha / panubruke ngonyani //

ing wusana Pangeran Wragil anggagas / upama angladèni / dukane kang raka / yèn kalah ora ngapa / nanging yèn mênanga mêsthi / kang raka wirang / kang ngono aja nganti //

mula banjur sang pangeran enggal oncat / kang raka ngêtut buri / nanging barêng cêtha / kang rayi ora niyat / nglawan kang raka tumuli / kandhêg ing lampah / padha mangu ing galih //

pangran pati ngandika ing sêmu cuwa / kapriye ing saiki / yèn tak tututana / wuragil mêsthi saya / mapan anggone manèni / nyang kadang tuwa / kiraku kurang bêcik //

Sang Pangeran Pandhadha matur lan nyêmbah / kados langkung prayogi / pun môngsa watara / awit yèn dipun umbar / tamtunipun saya wani / mila sumôngga / pun sarèhkên rumiyin //

mung ing batos kula mêksa dèrèng trimah / manawi pun Wuragil / taksih katingala / awit môngsa sandea / ngrisak kawontênan ngriki / nêrusi wêca / gènipun badhe luwih //

kula namung cumadhong karsa sasdika /andika. kadospundi ing galih / kang raka ngandika / wis mangkene Pandhadha / rèhning wis cêtha Wuragil / niyate ana / duwèni wiji melik //

ing mêsthine Si Wuragil saupama / tak dhêsêk kanthi wani / malah saya mungkar / wanine saya nyata / mulane kang luwih bêcik / dimong ing basa / supaya ora ngrêti //

kang prayoga aja sêpi ing pangarah / supaya Si Wuragil / aja nganti bisa / duwe sêdya kang ala / tumrap kowe aku iki / yèn nganti lena / bakal tuna ngluwihi //

Pangran Anom nyambungi alon ngandika / kados langkung prayogi / manawi kakang mas / kaparêng ragi sabar / nanging ing têmbe Wuragil / inggih pun angkah / dumuginipun pati //

akèh bangêt lêlakone wong ing donya / adhakane sok lali / marang sanak kadang / êmung saka kêgawa / ing daya kêgêdhèn melik / wani nyang cidra / lan wani marang isin //

--- [0] ---

Kêtliwêng Barêng

Kacariyos ratu ing nagari Gêmahraharja, kèrêm sangêt dhatêng pangagêman. Saking kasêngsêmipun, ngantos kasupèn manggalih dhatêng ruwêt rêntênging praja. Panggalihipun onggrongan.

Kawontênanipun sang prabu ingkang makatên wau ngantos misuwur dumugi sanès nagari, andadosakên kathahipun para sudagar ingkang sami ngladosakên pangagêman.

Kacariyos wontên sadhèrèk kêkalih kakang adhi, juru apus, nama Danu lan Dani, gêsangipun rukun.

Anuju satunggiling dintên Danu wicantên dhatêng adhinipun, niyat badhe ngapusi sang prabu, cara-caranipun ugi kacariyosakên sadaya. Dani angrujuki.

Enjangipun lajêng sowan sang nata, malêbêtipun dhatêng kadhaton anyarêngi para sudagar ingkang sami ngladosakên pangagêman.

Danu Dani kadangu prêlunipun sowan. Danu munjuk yèn sagêd nênun badhe agêman ingkang adi aèng, sarta munjuk yèn kathah para nata ingkang sami dhawuh nênunakên pangagêman. Panggalihipun sang prabu kèlu, lajêng kadhawuhan anênunakên, sarta kaparingan badhenipun jêne kalih katos lan bênang sutra. Tiyang kêkalih kalilan mundur.

Danu lan Dani bingah manahipun. Dumugi ing griya lajêng sami ropyan-ropyan, andadosakên gumunipun tôngga têpalih.

Enjangipun lajêng wiwit nênun wontên salêbêting kadhaton.

Sang prabu utusan para nayaka kadhawuhan anyatakakên. Sadumuginipun ing panggenan nênun, utusan gumun, dene ingkang dipun tênun botên katingal, pancèn sajatosipun namung apus-apusan. Nanging sarèhning para nayaka wau sami lumuh kawastanan tiyang bodho, mila lajêng nglairakên pangalêmipun. Juru tênun kêkalih mongkog manahipun, dene gêlaripun sagêd tumama. Para nayaka sami wangsul sowan sang nata.

Sang nata mirêng aturipun utusan karênan panggalihipun. Lajêng utusan malih para bupati. Pamanggihipun botên bèntên kados utusan ingkang kapisan.

Sapunika sang prabu karsa anyatakakên piyambak. Dene panggalihipun sang prabu ugi botên bèntên kados para utusan.

Sarêng anggènipun nênun sampun rampung, lajêng kadhawuhan anjarumi.

Anuju satunggiling dintên sang prabu têdhak pêpara, ngagêm-agêm agêman anggènipun yasa. Sarêng sampun samêkta, lajêng jêngkar, kadhèrèkakên para kawula agêng alit.

Wontên ing sauruting margi rame suwantênipun tiyang ningali sami angraosi sang prabu, dene namung ngagêm rasukan gondhil tuwin calana buntung. Sang prabu mirêng raosanipun para kawula, panggalih lingsêm. Nanging dipun tahan-tahanakên ngantos dumugi ing kadhaton. Sadumuginipun ing kadhaton juru apus sampun minggat.

[Grafik]

Ing nginggil punika cêkakanipun Sêrat: Kêtliwêng Barêng. Cariyosipun lucu tur nêngsêmakên.

Rêginipun kaandhapakên rumiyin f 0.25 sapunika ... f 0.10

Wêdalan - Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 82, Rê Pn, 18 Rêjêp Jimakir 1866, 16 Oktobêr 1935, Taun X

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

Ngatingalakên Luhuring Budi

Dhawuh pangandika dalêm: Adipati Sasradiningrat, putra santana sarta bocah ingsun kabèh, padha sêksènana, têtilarane ibu Ratu Kancana kang rupa barang panganggo rajakaputrèn, sarta pirantine wong lanang sapanunggalane kabèh, padha ingsun paringake dadi wajibe adhi mas Pangeran Adipati Purbaya.

Kang rupa barang rajakaputrèn sarta sapirantine wong wadon sapanunggalane kabèh, padha ingsun paringake dadi wajibe adhi ajêng Ratu Pambayun.

Kang rupa wang krêtas, mas, lan salaka, têmbaga sapanunggalane kabèh, kang rupa buku-buku layang-layang, kitab Kuran sapanunggalane kabèh, padha ingsun paro, kang saparo ingsun paringake dadi wajibe adhi mas Pangeran Adipati Purbaya, kang saparo ingsun paringake dadi wajibe adhi ajêng Ratu Pambayun.

Kang rupa sawah gêgadhuhan bumi desa ingsun lastarèkake dadi gêgadhuhane adhi mas Pangeran Adipati Purbaya.

Dhahare Ibu kang rupa uwang sabên sasi limangatus rupiyah putih ingsun lastarèkake ditampani adhi ajêng Ratu Pambayun. Anadene sambutane suwargi Ibu Ratu Kancana sapira petunge ingsun pundhut, ingsun kang bakal angêsahi saka uwang kagungan ingsun dhewe, kang diarani uwang kasab. Mangkono manèh sira undhangna, sadhengah wonge kang padha disanggêmi arêp diparingi ganjaran sapêpadhane dening suwargi Ibu Ratu Kancana, ingsun kang bakal angrupakake, nuli sira dhawuhna.

Unjukipun Kangjêng Radèn Adipati: Kawula nuwun sandika.

Sakèndêlipun pangandika dalêm punika, tiyang salêbêting kadhaton agêng alit jalêr èstri sami kapiluh, angondhok-ondhok sadaya, dene botên ngintên pisan-pisan manawi makatên kadadosanipun, ing wasana sami suka sokur sa[...] mêmuji kaluhuraning panggalih dalêm anggèning têtêp si[...] caksana andanardana.

Kacariyos dhawuh timbalan dalêm wau sampun sami kalampahan, sampeyan dalêm lajêng jêngkar kondur ngadhaton, para ingkang sami sumewa sadaya sami kalilan bibaran.

Ing wanci siyang sampeyan dalêm kaparêng lênggah ing mêthelan (sapunika langên katong), inggih punika padatanipun manawi lênggah padintênan, ingkang ngadhêp wontên ing ngarsa dalêm, kajawi para abdi dalêm urdênas tuwin palawija, rayi dalêm Kangjêng Pangeran Angabèi kalihan Kiyai Rônggasutrasna, lênggah dalêm wau anampèni pisowanipun para santana abdi kawula dalêm jalêr èstri ingkang sami rumaos tampi sêsanggêman saking suwargi Kangjêng Ratu Kancana badhe dipun paringi ganjaran, sami kadangu satunggal-satunggal kalayan kaparingan dhawuh makatên:

Aku kang rumôngsa kawajiban anglastarèkake sarta nêtêpi sêsanggêmane suwargi ibu, pangakumu disanggêmi arêp diparingi apa (munjuk miturut punapa pangakênipun) ing samêngko aku kang mujudi sarta maringake, yèn pangakumu iku têmên, tak paringi pangèstu, sêmpulur lan wuwuh-wuwuhe. Yèn ora têmên, kowe sumurupa, donya kang suci iku ana walate. Sasampunipun kaparingan dhawuh makatên, lajêng dipun paringi punapa pangakênipun, wontên ingkang wujud sêngkang, wujud timang, wujud supe, sasaminipun. Kacariyos, sawênèhipun ingkang ngakên dipun sanggêmi wau sarêng mawi kaparingan dhawuh makatên, salong wontên ingkang walèh manawi têmênipun botên kaparingan sêsanggêman, dados namung ngakên-akên, têmahan namung ngunjukakên pêjah gêsang nyuwun pangapuntên dalêm. Narimah botên saèstu kaparingan. Ewadene dhawuh dalêm makatên:

Wong nglakoni kaluputan, kang rumôngsa sarta angakoni kaluputane, iku wajib diapura, sarta pantês tak paringi kawêlasan, amarga ana titike yèn kêtitipan ati suci, dene anggone wani ngaku-aku iku amung kêtarik saka sabab liya-liyane. Mulane saiki kowe uga tak paringi ganjaran sapantêse kanthi pangèstu, muga sêmpulura lan wuwuh-wuwuha. Wusana tiyang wau lajêng kaparingan ganjaran samurwatipun, kalayan amêmundhi gênging kadarman dalêm, lajêng kalilan mundur.

Pêthikan saking Sêrat Andum Warisan, lêlabêtan utami kala alamipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping V ing nagari Surakarta. Rêgi ... f 0.15.

Wêdalan: Bale Pustaka Batawi Sèntrêm.

--- [1293] ---

Ôngka 82, Rê Pn, 18 Rêjêb Jimakir 1866, 16 Oktobêr 1935, Taun X

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1,50 bayaran kasuwun rumiyin botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka ing sawingkinging kantor Palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pabrik Sês Krètèk - Wawasan ing Bali Sawatawis - Baya - Kadonyan - Santun-sumantuning Dhawuh - Bab Pitulungan Dhoktêr - Kabar Warni-warni - Wêwaosan.

Pabrik Sês Krètèk

[Grafik]

Pabrik sês krètèk, Nitisêmita, ingkang enggal.

--- 1294 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Wawasan ing Bali Sawatawis.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 81.

Mênggahing pahargyan Abèn, nomêr kalihipun panguran (pasah), punika satunggiling prakawis ingkang tansah winigatosakên sangêt, botên cêkap ngangge waragad sakêdhik, pramila yèn nuju makatên punika, sanajan malarata pisan inggih sagadhah-gadhahipun kapêksa kêdah kakurbanakên sadaya, kaobral tanpa mawang tumolih, tekadipun: sok ugi tumrap kaprêluan kalih warni wau sagêd kacêkap sarta botên nguciwani tiningalan ing sasami. kosokwangsulipun ing bab manton waragadipun sakalangkung kadamêl irit.

[Grafik]

Ing pura Gèlgèl nuju wilujêngan.

Kawêkêlan.

Sapunika kantun sawatawis bab angsal-angsalan saking Bali wau ingkang dèrèng kaandharakên. Inggih punika sapisan bab kagunan ukir-ukiran. Têtiyang pribumi ing ngrika sampun rumiyin mila misuwur ngantos dumugi ing jagad kilenan, prakawis kagunan angêngukir pancèn nyata undhagi sangêt, damêlanipun awig, dene ingkang kaukir inggih punika kajêng, balung, sungu, gadhing, sela karang utawi barang sanèsipun malih, kadamêl pêthan pêksi, rêca-rêca lan sapanunggilanipun rêrêngganing griya.

Wondene prakawis awiging pakirtyan ingatasipun bab ukir-ukiran punika pancèn botên anggumunakên, awit para lare ing Bali, wiwit alit sampun anggêgulang bab wau, katuntun dening para tiyang sêpuhipun akanthi talatos, amila sarêng sampun agêng, damêlanipun dados pèni, lan dipun aosi sangêt dening bôngsa kilenan. Prakawis ukir-ukiran alus ingkang awujud rêca alit-alit, sok tiyanga sagêd pikantuk sarana tumbas wontên ing pinggir-pinggir margi, awit pancèn dipun dagang, trêkadhang kajajakakên. Kajawi bab ukir-ukiran, tênunan saking ngrika inggih misuwur sae, ingkang kathah awujud sarung, slendhang lan kêmbên, kanggenipun awèt.

Tumrap têtiyangipun tani, katitik wêkêl panyambutdamêlipun, mila lôngka ngantos kêkirangan têdha. Ingah-ingahanipun: lêmbu, maesa, babi,

--- 1295 ---

sagawon, ayam, bèbèk lan sapanunggilanipun.

[Grafik]

Rêrênggan ing panggenanipun tiyang manêmbah dhatêng dewa.

Pakampungan.

Sarèhning ingah-ingahan babi wau wontênipun ing ngrika namung kaumbar kemawon, dados inggih sami bêbranahan manggèn ing pakampungan awor kalihan tiyang, samantên ugi sato sanèsipun, pamirayanipunpamiyaranipun. dados saênggèn kalihan griya ingkang kadunungan tiyang, pramila prakawis jêmbêk sampun botên wontên imbang-imbanganipun, tumrap tiyang rêsikan, kadugi ênêg nyumêrêpi kawontênan ingkang kados makatên wau. Margi-margi ing kampung ing tanah Jawi ingkang sangêt awonipun punika, bokmanawi taksih mênang rêsik tinimbang ngrika. Cêkak aos prakawis bale pemahanipun pribumi ing ngrika, katingal sangêt anggèning botên tata. Nanging makatên wau botên sabab saking kêsèdipun, nanging kabêkta saking anggèning kêtungkul ulah puja ing dewa, dados prakawis babagan lair botên patos katêngên, kados ingkang sampun kaandharakên nginggil, winastan kontit.

Ing salêbêting pakawisanipun têtiyang Bali, sok [so...]

--- 1296 ---

[...k] tiyanga sagêd anyumêrêpi satunggaling gubug, mèmpêr pagupon dara, inggih punika papan padewan ingkang kaanggêp suci, sabên pemahan kenging katêmtokakên wontên, punika ênggèn pamujan kangge padintênan.

Yèn ing tanah Jawi, jangji wontên papan ingkang winastan griya punapa ênggèn padewan suci, utawi namung papan pamujan makatên, limrahipun katingal rêsik gumrining, botênipun makatên, ing ngriku kêdah tinata sarwa sae, amrih asri sinawang. Nanging kosok wangsulipun tumrap ing Bali, sangandhaping panggung ingkang sinêbut griya padewan suci wau mêksa katingal jêmbêg angênêg-ênêgi. Mila makatên awit sawarnining ingah-ingahan, kados ta babi, sagawon, ayam, bèbèk sasaminipun sami kaumbar kemawon pating sliri tuwin manggèn ing ngriku, dados kalamôngsa ing sangandhaping griya padewan punika inggih awujud pagupakan babi.

Tumrap ing tanah Jawi, tapêl watêsing padhusunan punika ingkang limrah awujud papringan (dhapuran dêling), utawi namung pagêr dhadhah kemawon, ananging tumrap ing Bali, tapêl watês padhusunan wau awujud tumpukan siti lêmpung, kadamêl wangun saèmpêr pagêr banon ing ngriki, nginggil katutupan dami, alang-alang utawi kajang sarta gêgodhongan murih botên risak dening jawah.

Sapunika gêntos angraosakên ing bab kamantêpaning manah, bobotipun tanah Bali wau anggèning dados jajahan Nèdêrlan kenging winastan sampun lami, lan têtiyangipun inggih sampun kêrêp sêsrawungan kalihan têtiyang ngamônca, ewadene mênggahing ngadat tatacaranipun mêksa taksih ajêg puguh panggah kados jamaning kina kemawon, lah punapa ingkang kados makatên wau ing akiripun botên badhe sagêd ewah, punika ing ngriki botên sagêd ngintên-intên. Namung manut pamanggihing ngakathah, katitik saking gêlar kawontênanipun, dumugi samangke ngadat tatacaraning lêluhur-(naluri)nipun wau taksih kêdah yêktos, langkung-langkung babagan agami ingkang dipun rungkêbi botên gampil kadhêsêk ing daya sanès.

Ugi wontên satunggal kalih têtiyangipun ingkang sampun sagêd angêmori tatacara ngrika-ngriki, nanging adhakan namung pinanggih wontên ing para pangagêng nagari, para ingkang sampun kathah sêsrawunganipun kalihan bôngsa sanès sarta padununganipun ing papan kitha (karamean).

Manawi para maos sampun nate amriksani film Bali ingkang sampun asring kapitongtonakên ing kêlir pakumidhèn, kadugi sampun sagêd angèmpêr-èmpêr piyambak ing bab lêrês lêpating andharan ingkang asli saking kojahipun mitra kula kasêbut nginggil wau. Wondene bab sanès-sanèsipun amriksanana sêrat Bali Satjleretan, wêdalan Bale Pustaka. Ewadene bilih mêksa taksih wontên kirang-langkungipun nyumanggakakên para maos ingkang langkung wikan.

K. 1815. Malang.

--- 1297 ---

Jagading Sato Kewan

Baya

Sambêtipun Kajawèn nomêr 81.

Baya punika sanadyan kewan galak, nanging kathah gêgayutanipun kalihan manungsa, mila kathah ingkang ngantos dados dongengan. Nanging ingkang nama gêgayutan kalihan manungsa yêktos, punika ing bab patrapipun tiyang nyêpêng baya, ingkang dipun tindakakên dening juru gêndam.

[Grafik]

Baya ingkang kenging kapancing.

Sampun mèh limrah ing pundi-pundi nagari ingkang kacariyos kathah bayanipun, tamtu wontên tiyang ingkang sagêd anggêndam baya. Mênggah sabab-sababing baya dipun gêndam, punika jalaran saking pun baya nandhang dosa mêntas nêdha tiyang.

Dene cara-caranipun, samôngsa wontên tiyang dipun sarap ing baya, punika ahli warisipun tiyang wau lajêng nyraya dhatêng juru gêndam, supados nyêpêngakên pun baya.

Caraning nyêpêng, juru gêndam lajêng damêl pancing ingkang sakalangkung kiyat, limrahipun ingkang dipun damêl pênjatos, botênipun inggih kawat dipun tampar. Ingkang kangge umpanipun bangke ingkang dipun ebah-ebahakên, amargi baya punika botên purun nêdha bangke, mila kêdah sarana dipun ebah-ebah wau. Ing ngriku pun baya sawêg purun nyarap. Limrahipun ingkang kangge umpan wau bangke kewan ayam, sagawon tuwin sanès-sanèsipun.

Tangsuling pancing wau wontên ingkang ngangge doran, gèntèr, wontên malih ingkang namung mawi kambang agêng. Ing pucuk doran wau wontên tangsulipun awêr-awêr kangge nangsuli tangsul pancing ingkang agêng, pancingipun lajêng katingal gumandhul. Samôngsa pancing wau [wa...]

--- 1298 ---

[...u] dipun sarap ing baya, doranipun lajêng anjêplak, pancing nyublês saha cumanthol ing cangkêm. Sarèhning karaos sakit, pun baya lajêng budi, tangsul awêr-awêr lajêng pêdhot. Ing ngriku baya têrus ambêlês, nanging botên sagêd ngantos têbih, amargi kêtahan dening tangsul ingkang tumangsul ing doran, dados polahing baya namung mubang-mubêng manut mêntul-mêntuling doran. Sayêktosipun cara ingkang kados makatên punika inggih nganèh-nganèhi.

Dene manawi kambang, tangsuling pancing botên kenging kiyat-kiyat, supados baya wau sasampunipun nyarap pancing, anggènipun nyilêm sampun ngantos ngraosakên kenging sabab punapa-punapa. Miturut cariyosing tiyang, umpan wau botên têrus dipun têdha, namung dipun êmut kemawon. Salajêngipun baya wau kakèndêlakên kemawon, supados ambêkta kambang wau mrika-mriki. Samôngsa umpan wau sampun dipun ulu, pancingipun sawêg kenging katarik. Tindak kados makatên punika tumrap ingkang sampun ahli, sampun sagêd ngraosakên.

Samôngsa ingkang mancing sampun narik pancing, tiyang sanèsipun sadhiya dêdamêl, awarni cêmpuling mawi tangsul, samôngsa katingal, lajêng dipun tamani dêdamêl, kaangkah ngèngingi sangandhaping tênggok. Sasampunipun makatên, dipun kèndêlakên kemawon, supados baya polah, dangu-dangu cape kajêngipun piyambak, wusana kenging kacêpêng.

Dados ing bab patrapipun mancing baya wau wontên kalih warni. Ingkang mawi doran kenging ing cangkêm, dene ingkang mawi kambang, kenging ing wadhuk.

Wontên malih caranipun nyêpêng baya ingkang sakalangkung anèh, tanpa pirantos, ngantos marojol saking nalar, tindakipun makatên:

Samôngsa wontên baya nandhang dosa, upaminipun mêntas ganggu damêl dhatêng tiyang, agêngipun ngantos nêdha tiyang, punika wontên tiyang ingkang nêdha pitulungan dhatêng juru gêndam baya, juru gêndam lajêng matak môntra. Ing ngriku para baya ing lèpèn lajêng sami ngambang, saha lajêng dipun cariyosi ing sawarnining lêlampahan, kadosdene ginêman kalihan tiyang. Salajêngipun juru gêndam lajêng akèn, sintên baya ingkang botên dosa supados nyilêm, wusana kantun ingkang dosa taksih ngambang.

Sasampunipun makatên, baya wau namung sarwa miturut sapakènipun juru gêndam, saupami dipun pêjahi inggih kèndêl kemawon, manawi dipun ukum, inggih namung sarwa miturut. Dene patraping ngukum, baya wau dipun pe, sanadyan ngantos pintên-pintên dintên, manawi dèrèng dumugi wêwangên, inggih kèndêl kemawon, purunipun kesah manawi sampun dipun kèn kesah dening juru gêndam.

Kados makatên ing bab kawontênaning baya.

Pawartos saking rêdhaksi.

Lêngganan No. 2866. Sêrat I lan II ingkang sade toko Buning Ngayogyakarta. Bab III dipun pèngêti. Manawi pancèn prêlu, tahun ngajêng kawêwahan. Sêrat Yusup ingkang kapacak ing V.A. 1936 punika têdhakan saking Sêrat Ambiya. Dados inggih sampun tamtu gèsèh kalihan ingkang kapacak ing Sêrat Torèt. Sampun malih kalihan Sêrat Torèt, sanadyan kalihan Sêrat Ambiya sanèsipun inggih beda. Sampun dados kalimrahanipun sêrat Jawi, satunggal kalihan satunggalipun awis-awis ingkang cocog. Kathah-kathahipun tiyang manawi mrêgoki sêrat ingkang beda kalihan ingkang sampun nate dipun waos, enggal-enggal mastani palsu. Môngka dèrèng kantênan pundi ingkang palsu.

Sêrat Yusuf punika kathah sarta warni-warni.

--- 1299 ---

Panglipur Manah

Kadonyan.

Dhandhanggula.

Milang-miling ing nala ngulati / panglipuring nala gung nalôngsa / labêt kagêlan uripe / puluh-puluh pinupus / parandene tan bisa aring / rudatin karêrantan / ngraran rosing tuwuh / katiwasan awak ingwang / urip pisan karoban ruharèng batin / koncadan katêntrêman //

katêtangi mèrining kang ati / yèn mulata kang samya katrima / katurutan ing uripe / tinunggu donya punjul / kang anjangkung arjaning dhiri / karoban donya arta / talining tumuwuh / pintêr timên uripira / paran baya darunanira sayêkti / kalakoning parasdya //

kadiparan wadining dumadi / ingkang dadi pandoming driyamba / dimèn ing donya uripe / tan dadi kadung-kadung / kaduk rasa mandhêg kapengin / lir kadya ingkang ngarang / wirangrong rawat luh / kêlêlêb jaman malarat / lir lêlumban nèng têlênging alun warih / wardaya mawalikan //

kabèh-kabèh kang samya katawis / lir wisaya tumraping driyamba / myat wisma wangunan aèng / motor modhèl sarwa lus / myang radhio raras swara sri / tan pisan arsaning tyas / malah saya kuwur / kaworan grantêsing driya / o, ya talah, tuna timên jroning urip / koncadan donya arta //

wus ingudi bangkite darbèni / malah jêro tatuning driyamba / saking ing donya gêlare / mawarna abra murub / kèh rêrupan pèpasrèn kèksi / swara kang kapiyarsa / misesa ranèngsun / sun rasa saya karasa / kabèh-kabèh mung gawe pengining ati / nênangi panalôngsa //

sanadyan ta pinupus jro pasthi / panarima kinarya dhêdhasar / pinrih ing driya sumèlèh / prandene ing tumuwuh / anggêr isih jênêng wong urip / mokal bangkita pisah / penginan sadarum / marma yogya turutana / amrih kurub wit urip mung sapisan ji / dadi tan kapitunan //

pilihana kang lêgi lan gurih / singkirana kang pait lan gêtar / sangsara mlarat kabèhe / ywa pisan pengin wanuh / kaluhuran mulyaning urip / karoban donya arta / darbe pangwasa gung / iku wajibe wong donya / yèn selaka jênêng kêliru ing margi / sangsara anèng donya //

nora kurang wêwarah dumêling / kinèn eling dalaning palastra / lambarane tyas sumèlèh / narima marang pandum / sumarah mring gingsiring pasthi / dhuh babo wong samangkya / wya kasusu kèlu / mring pitutur kang tan jaman / nora laras lawan gumêlaring wanci / lakuning kalamôngsa //

yogyanira samangkya winalik / panarima dinèlèh ing wuntat / wit jaman salin ubênge / ywa pisan rikah-rikuh / angakoni lumrahing urip / kêklumpuk donya arta / aywa wêdi besuk / wit besuk durung karuhan / kabèh iku kalah nyata lan saiki / abote wong nèng donya //

nora kaya sangsaraning ati / sugih utang pamêtu tan mingsra / kabutuhan pating crènèng / tinangisan sadulur / anak rabi padha gondhèli / sêsambat ngaruara / mangan nora tuwuk / jajal pintokna kang pana / mring dalaning [da...]

--- 1300 ---

[...laning] kasidan wosing dumadi / kapriye yogyanira //

yèn rinasa sangsaraning urip / kang kagawa saka kamlaratan / kêkurangan ing uripe / sayêkti dèn gêguyu / pinaido dipun ewani / mring kang tan sêsrawungan / rêkasèng tumuwuh / mubra-mubru uripira / mula mèmpêr: nadyan lamis bisa muni / tan butuh mring kadonyan //

pawadane donya iki sêpi / nora nana têntrêming agêsang / dumèh tan lana anane / nanging wadhuh dhuh adhuh / ywa kêsusu sira selaki / sawangên kang waspada / wadining tumuwuh / wose rak nèng wadhukira / aywa kongsi kothong koncatan ing isi / yèku tuking ngagêsang //

marmanira wong nèng donya iki / wus kinodrat winêngku ing donya / nadyan tan ngrasa unine / nanging yèn wus kêsandhung / nandhang roga koncadan picis / luwe tan darbe arta / lagi ngaku butuh / mula poma dhuh wong mudha / dipun bisa ngupaya marganing sugih / tinunggon donya arta //

kawruhana wuwus èsêm manis / manuhara swara rum araras / kajèn kèringan uripe / panguwasa linuhung / kudu nganggo tinuku dhuwit / coba mênyang pacinan / nuggang sedhan biru / panganggone sarwa brêgas / nyangking êtas kêbak wang kêrtas lan ringgit / rag kita dipun papag //

anoraga linut èsêm manis / wit kadayan / gêbyaring kadonyan / beda têkane lir kere / manganggo lungsêt jlêbut / lagi têka: tinundhung batin / mula wus bênêrira / kadunyan dèn ruruh / yèn tinampik atut wuntat / marmanira bêgjanira ingkang bangkit / ngupaya donya arta //

Tejasusastra.

[Grafik]

Ing ngginggil punika gambaripun kapal mabur De Havilland ingkang badhe kangge damêl gambar kar ing Nieuw Guinea, kados ingkang sampun nate kawartosakên.

--- 1301 ---

Kawruh Sawatawis

Santun-sumantuning Dhawuh Pranatan Nagari Tumrap Karaton Dalêm Surakarta Adiningrat, ing Taun 1889-1916.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 81.

XXXXI. Bab ganjaran mikut durjana.

Nunggil taun 1903 kasêbut nginggil, nagari andhawuhakên undhang pranatan waradin saindênging praja bawah Kasunanan, sintêna tiyangipun kemawon, ingkang sagêd ngundurakên panêmpuhing durjana kècu koyok sasaminipun, ngantos wangsul sande anggèning nindakakên kadurjananipun, utawi tiyang sagêd angsal katrangan bab kadurjanan, ngantos durjananipun kapikut, têrang papriksanipun kanthi cihna bukti nyêkapi, tiyang wau badhe kaparingan ganjaran arta saking nagari f 200.- utawi bilih botên tampi ganjaran warni arta, badhe kaparingan ganjaran pangkat kalênggahan kemawon samurwatipun ingkang kalayan pantês. Ing wêkdal wau (kala samantên) nagari Surakarta sawêg ngusum kadurjanan koyok sami nêmpuh.

XXXXII Bab panganggèn kuluk.

Èngêt-èngêtan ing salêbêtipun taun 1904, nagari andhawuhakên waradin tumrap abdi dalêm pangkat agêng alit, samôngsa angambah utawi lumampah ing alun-alun dalêm sawanci-wancinipun, môngka ing alun-alun ngriku nuju nyarêngi wontên têtingalan utawi karamean umum, kados ta: sêkatèn ing wulan Mulud, komidhi sapanunggilanipun, abdi dalêm wau katêmtokakên kêdah mangangge kulukan (makuthan) makatên malih bilih malêbêt utawi ngambah lêbêt baluwarti karaton, sanadyan amung padintênan rintên dalua, botên nyarêngi wontên damêl utawi pasamuwan sasaminipun, nanging abdi dalêm wau ugi katêmtokakên mangangge kulukan, botên kalihan ikêt-ikêtan (udhêng-udhêngan), dene sadaya tiyang ingkang gêgriya ing lêbêt baluwarti, manawi jagongan sadhengaha parlunipun, kajawi ingkang para luhur, linggihanipun kêdah dhepokan (lesehan) botên kalilan kursèn. Sadaya wau bilih wontên ingkang wanuh wani nglanggar dhêdhawuhan pranatan punika, badhe kapatrapan ing sakaparêngipun kangjêng parentah agêng, utawi ingkang tumrap abdi dalêm, bilih wontên parlunipun kaundur utawi kalorot pangkat kalênggahanipun. Badhe kasambêtan

P.K. 585.

Nglêrêsakên Kalêpatan

Ing Kajawèn nomêr 80 ing bagean Kabar Warni-warni kaca 1273 sisih kiwa nginggil nyêbutakên R. Soeroredjo, pensiunan patih Têgal kapilih dados warga Provinciale Raad ing Jawi Têngah. Punika wontên lêpatipun. Mênggah cêthanipun: Radèn Rongga Sumadhie Soeroredjo, pensiunan Patih Pêkalongan ing Têgal kapilih dados warga Provinciale Raad ing Jawi Têngah.

Mugi kawuningana ing para maos.

--- 1302 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Bab Pitulungan Dhoktêr.

II

Garèng: Tak balènane manèh kandhaku ing ngarêp, Truk, kanggone wong sing manggon ana ing kutha sing gêdhe-gêdhe yèn kapinujon lara, wèh ya kêpenak bangêt. Apa manèh yèn pancèn sugih dhuwit, oraa bisa ngaturi bêndara dhoktêr, malah kangjênge tuwan dhoktêr pisan, iya sêmranthal, malah sanadyan wong sing mlarit kae, nèk lara mêksa ora kapiran. Sabab yèn ing kutha gêdhe kuwi, pancèn iya disadhiyani: dhoktêr mlarat. Aja kaliru tômpa, Truk, karêpe dhoktêr mlarat, kuwi dhoktêr kang piniji dikon nambani wong mlarat, nèk dhoktêre têmtune iya duwe motor ...

Petruk: Dadi yèn mêngkono kowe rak iya ngakoni ta, yèn nagara kuwi mula akèh bangêt pêparinge pitulungan marang kowe aku kiyi, nganti wong sing mlarat pisan, nèk lara iya mêsthi kopèn. Nèk dipikir, Kang Garèng, pirang èwu bae nagara anggone ambuwang dhuwit minôngka kanggo waragad murih bangsane dhewe iki bisane slamêt, bagas kuwarasan, lan sapanunggalane. Ngêndi-êndi panggonan diêdêgi romah sakit, kanggo ngupakara wong lara, dianani para dhoktêr, sing diwajibake nambani wong sing lara-lara mau, banjur angêsatake panggonan sing jêmbêg-jêmbêg lan rawa-rawa, yaiku kadhatone mas ngantèn mas ngantèn malariyah, kang anjalari sudaning lêlara warna-warna, lo, kuwi pira bae waragade, Kang Garèng.

Garèng: Aku ngandêl bangêt, Truk, yèn nagara ambuwang-buwang dhuwit malah nganti kêdlodokên kuwi. Mêngkono uga aku iya ngandêl bangêt, yèn bangsaku tumrape pitulungan dhoktêr, ora mung prêcaya bae mênyang mustajabe, nanging iya ora bakal kapiran, nganti wong ing desa-desa, sanadyan ora pati adoh saka ing kutha, yèn lara iya banjur enggal-enggal ngaturi bêndara ... dhukun. Dene yèn kira-kira larane andrawasi utawa nular, iya banjur tumuli rêpot nyang ... ndara sêtèn.

Petruk: Ora, Kang Garèng kiyi sêmune sajak rada maido, dupèh ana wong lara sing andrawasi utawa nular, banjur rêpot marang panggêdhe, lo, kiyi rak ana prêlune liya, Kang Garèng, yaiku supaya panggêdhe tumuli gawe pranatan murih lêlarane mau aja mrèmèn-mrèmèn nyang ngêndi-êndi, iki kuwajibane panggêdhening nagara, Kang Garèng ...

--- 1303 ---

Garèng: Aku ngandêl manèh, Truk, mung bae mungguh rumasaku, sing wênang, sing wajib lan sing bisa ngarani lêlara iki, lêlara iku, lêlara kang andrawasi utawa nular, kuwi rak mung bôngsa ahli, yaiku: dhoktêr, dadi sing paring katêrangan marang panggêdhe nagara kuwi pancène iya kudu ndara dhoktêr, murih aja gawe susahe wong akèh bae. Wong aku wis tau mênangi dhewe, Truk, ana wong lara wêtêng nganti glintingan bangêt, sanak sadulure banjur enggal-enggal rêpot nyang mas lurah lan uga mênyang ngasistenan, sanalika kono wong-wong sing manggon barêng karo sing lara mau, banjur dipisahake, ora kêna wong nyêdhak, ora kêna wong tilik, jalaran wong mau lara: kolerah jarene. Jalaran saka pranatan sing mangkono mau, sing lara, dutrung mati wis ngicipi rasane dhewekan ngambah ing ara-ara Maksar. Dene sadulur-sadulure, sabab dipisahake, têmtune rasaning atine iya sêtêngah urip têmênan, sabab ora ngêmungake wêlas marang sing lara, nanging iya kuwatir, nèk-nèke sang kolerah uga wis mondhokake putra wayahe ana ing wêtênge. Nanging ing wusana barêng larane mau dipriksa dening ndara dhoktêr, jêbul mung ... êntut kêsasar. Hara, Truk, apa iki ora mung gawe susah wong thok bae.

[Grafik]

Petruk: Kang Garèng, tumindake panggêdhe kang mangkono mau tak bênêrake bangêt. Sabab, timbangane gawe susahe wong-wong sadesa, rak aluwung mung wong saomah. Iya nèk larane mau dudu barang-barang, nèk pancèn lara kolerah têmênan, nganti ora nganakake pranatan sing mangkono mau, rak iya kalakon dadi karangabang têmênan, hla, sapa ing wusana sing disalahake, ora wurung iya panggêdhene ing kono.

Garèng: Aku iya ngandêl manèh. Nanging pancène rak iya dudu mêsthine, ta. Wông lara kuwi rêpote têmtune rak iya nyang dhoktêr, ora nyang sapa-sapa. Andak iya yèn kowe kabênêr lêlungan, ana ing dalan krasa ngêlak, banjur lumêbu nyang bambon. Pancène mono rak iya nyang bakul cao, ta.

Petruk: Kanggo marèkake anggone ngêlak mau, sing bêcik dhewe iya banjur bisa ngiras cao, nanging yèn ing kono ora ana bakul cao, gèk kapriye manèh ...

Garèng: Dadi cêkak aos, anggone rêpot nyang panggêdhe mau, sabab ing kono ora ana dhoktêr. Têgêse: sanadyan ing jaman saiki kiyi wis diunèkake jaman kamajuan, sanyatane sing kêna diunèkake wis [wi...]

--- 1304 ---

[...s] maju, wis bisa ngrasakake enak-enakan kuwi, wong-wong sing manggon ana ing kutha sing gêdhe-gêdhe, nanging wong-wong ing desa isih padha bae karo jamane sèkêt taun saprene. Dadi bangsane dhewe sabagian sing gêdhe biyangêt, isih durung bisa ngrasakake nikmate sing kok arani pitulungane nagara nyang bangsaku iki.

Petruk: Kang Garèng iki maido manèh. Iya wis mêsthi bae yèn ora bisa kalakon enggal-enggal bisane kabèh bangsaku ngrasakake, têmtune iya saka sathithik.

Garèng: Aku iya ngandêl manèh, yèn saka sathithik pambudidayane nagara murih bangsaku kabèh kiyi bisa olèh pitulungan dhoktêr. lan saikine, sanadyan mung sathithik, mula iya wis ana ing bangsaku, yèn ginanjar lara ora bakal kapiran. Nanging kiraku, pambudidaya sing saka sathithik mau, saikine bakal bisa dikêncêngi, anggone nêdya masrahake bangsaku sing lara mênyang para ... dhukun, sabab anane dhoktêr, akèh sing padha dilèrèni, dhoktêr sing anyar-anyar, ora ana sing padha dibênum ...

Petruk: Iki kowe ora kêna maido nyang nagara, Kang Garèng. Aku wani tanggung, nèk krêsane nagara mêsthi sabên uwong supaya bisaa gampang olèhe pitulungan dhoktêr. Nanging kapriye manèh, kowe wêruh dhewe, yèn nagara kuwi lagi kêkurangan dhuwit bangêt, mulane iya banjur ngurang-urangi sakabèhe. Apa tumrape nagara kok kira ora abot bangêt tumindak kang mangkono mau. Nanging ing sarèhning kapêksa jalaran saka pangamuking krisis, iya mêksa banjur ditindakake bae. Nanging pancène, Kang Garèng, tumrape bangsane dhewe saiki kiyi wis tiba mangsane, kudu wani tumandang dhewe, aja kok mung arêp anjagakake mênyang nagara bae. Saiki kiyi kudu bisa ngatonake: aku ora butuh karo pitulungane nagara. Sanajan ora dadi abdine rama ndara kangjêng guprêmèn, aku mêsthi bisa mangan. Rak iya ngono.

Garèng: Bab sing kaya mêngkono kuwi, kowe ora prêlu carita, ora prêlu andongèng, mula iya wis akèh sing padha miwiti. Mung bae, nèk ora ngati-ati, sok akèh sêbêle, Truk. Kaya ta: lagi bae nindakake sawijining pagawean, dupèh omahe katon brêgas, panganggone cakrak, durung-durung wis: thêg, diantêm ... pajêge.

Petruk: Wiyah, wiyah, omong le ora mèmpêr mêngkono. Dianggêp anêmtokake pajêg kuwi mung sakrêsa-krêsanya bae, apa niyat arêp nyathit. Ora, Kang Garèng, priyayi anêmtokake pajêging uwong, kuwi mêsthi nganggo pathokan sing têmênan, ora mung sakrêsa-krêsanya bae, dene kadhangkala sok kêdhuwurên utawa kakèhên, wong iya gaweaning uwong, iya mêsthi bae yèn kadhangkala sok bisa kaliru utawa salah. Nanging yèn kira-kirane dipajêgi kakèhên, kêna protès, Kang Garèng, tur nèk protès mung sing disaranani kudu bayar mung ... sêpuluh perak, jarene, Kang Garèng.

--- 1305 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKI.

Botên kenging kintun barang dagangan dhatêng Italie. Gêgayutan kalihan wontêning pêpêrangan ing tanah Afrika (Italie-Ethiopie) tanah Indiya ngriki sampun kèndêl botên kintun barang dagangan malih dhatêng nagari Italie. Mila ing têmbe manawi Volkenbond èstu ndhawahakên pangadilan, nagari-nagari sadaya wau dipun awisi, botên kenging nyade barang punapa kemawon dhatêng Italie, tanah Indhiya sampun tumindak nêtêpi awisan wau.

[Grafik]

Dumugi ing nagari Walandi. Kados ingkang sampun sumêbar mênggah ing pawartosipun Tuwan Khouw Ke Hien lan Tuwan Terluin anggènipun dhatêng nagari Walandi sarana numpak kapal maburipun PK-KKH (Walraen II), ingriki ngêwrat gambaripun Tuwan Khouw (gambar têngah), Tuwan Litnan Terluin sisih kiwa, lan sisih têngan Tuwan Walraven ingkang ndamêlakên kapal mabur wau wontên Bandung, sampun dumugi ing Schiphol, Amsterdam, kanthi wilujêng botên kirang satunggal punapa. Wontên ingriku kapapag ing têtiyang kathah, sadaya sami ngatingalakên gambiraning manah.

Kawisuda dados Commissaris van Politie 1e klas. Radèn Asikin Natanêgara ing Sêmarang kainggahakên pangkatipun, kawisudha dados Commissaris van Politie 1e klas, kanthi katêmtokakên lêstantun nyambut damêl ing bêbadan stadspolitie ing kitha Sêmarang.

Ambêtahakên arta igaran. Kabêkta saking rêkaosing jaman lan kiranging arta tanah Jawi ngriki tiyang-tiyang taksih sami sangêt ambêtahakên arta igaran kangge nyêkapi kabêtahanipun padintênan. Mila dumugi samangke tanah ngriki inggih taksih kêkirangan arta igaran kangge nyêkapi kabêtahanipun tiyang alit.

Miturut pawartos, nagari ugi sampun nyithaki arta igaran malih, lajêng kakintunakên saking nagari Walandi dhatêng tanah Jawi kaêmotakên kapal "Pulau Bras". Malah manawi botên lêpat, kapal "Pulau bras" ingkang ambêkta arta igaran enggal wau kala dintên Ngahad ingkang mêntas kapêngkêr punika sampun dumugi ing tanah Jawi.

Tiyang misaya ulam ngalang-alangi gladhèn nyênjata ing sagantên. Saking Pamêkasan kawartosakên bilih tiyang-tiyang ingkang sami misaya ulam ing pulo Kambing ngalang-alangi lampahipun para prajurit Marine ingkang sawêg sami gladhi, sinau nyênjata ing sagantên. Jalaran saking punika pangagêng pangrèh ing Pamêkasan lajêng bidhal numpak kapal mijnenveger CM2. kalihan mbêkta punggawa sacêkapipun, prêlu badhe nitipriksa bab wau.

Beya karèt gadhahanipun tiyang bumi. Miturut pêpacak nagari wiwit tanggal 13 October punika beya karèt daganganipun tiyang bumi katêtêpakên f 23.- tumrap karèt bobot 100 kilo.

Badhe ngêdêgakên pabrik ban speda. Kawartosakên bilih ing Pontianak badhe dipun dêgi pabrik enggal, kangge papan ndamêl ban sêpeda. Wontêning sêdya wau sampun karêmbag dening para achli karèt.

Guru dipun awisi mucal. Ing Madiun wontên guru Taman Siswa tiga ingkang nampi dhawuh saking pamarentah, dipun awisi botên kenging mucal.

Tampi ganjaran songsong jêne. Kala dintên Sêtu ingkang kapêngkêr punika Bupati ing Bogor tampi ganjaran songsong jêne, kinêpyakakên mawi pahargyan. Para pangagêng kathah ingkang anjênêngi pahargyan wau. Tuwan Resident Bogor sêsorah ngandharakên sakathahing lêlabêtanipun sang bupati wau.

Badhe ngrawuhi tanah Sumatra sisih lèr. Benjing wulan Februari taun ngajêng punika bokmanawi Kangjêng Tuwan Gouverneur-Generaal badhe ngrawuhi tanah Sumatra sisih lèr.

Dhawah saking motorpiet. Enggal mangke punika Kangjêng Tuwan Gouverneur-Generaal kondur saking Bêtawi dhatêng Bogor. Tindakipun nitih motor kadhèrèkakên Luitenant-ter-zee Tuwan Van Vreswijk lan punggawa veldpolitie sami numpak motor piet, sarêng dumugi Cibinong dumadakan motorpiet ingkang dipun tumpaki punggawa pulisi wontên ingkang tubrukan. Punggawa pulisi ingkang numpaki, tiyang kalih dhawah kantêb lan nandhang tatu ngantos klêngêr. Saking kaparêngipun Kangjêng Tuwan Gouverneur-Generaal tiyang ingkang sami kacilakan wau sami katumpakakên ing motoripun Kangjêng Tuwan Gouverneur-Generaal. Dene Kangjêng Tuwan Gouverneur-Generaal ngantos kapêksa lênggah jèjèr sopir. Motor lajêng lampahipun njujug dhatêng griya sakit "Roode Kruie-ziekenhuis".

Pamulangan luhur Hakim. Lulus Candidaatsexamen ingkang kaping I, R. Suriaatmaja; doctoraalexamen ingkang kaping I, Tuwan E.L. van Naersen; doctoraalexamen ingkang kaping III, Tuwan-tuwan B. Syarif lan Tan Tjeng Hok.

Badhe nyade ulam kapal sakit. Ing kitha Bêtawi wontên tiyang kalih nama Oesin lan Nian sami salingkuh, badhe nyade daging kapal sakit wawrat 73 1/2 K.G. Daging wau kawadhahan ing blèk lisah badhe kabêkta wangsul saking pajagalan mawi numpak

--- 1306 ---

atax. Sarêng dumugi ing Gang Karèt Tanahabang mandhap saking atax lajêng wontên punggawa pulisi kalih ingkang nyêlaki, lan ngiling-ilingi bêktanipun ingkang nyalawados wau. Wusana tiyang kalih wau anggènipun badhe gadhah lampah awon, nglanggar pranatan nagari lajêng kenangan. Tiyang kalih lajêng kalêbêtakên ing tutupan ngêntosi pangadilan.

Tosan rosokan. Kawartosakên, wêkdal punika ing Tanjungpriok têtiyang nuju ngêmpal-ngêmpalakên tosan rosokan badhe kabêkta dhatêng Jêpan, malah sampun wontên kintên-kintên 1000 ton. Wontên pawartos benjing tanggal 22 wulan punika kapal "Tjikandi" badhe ambêkta tosan rosokan wau.

ASIAH.

Lindhu agêng. Saking Moskou kawartosakên, bilih ing kiwa têngênipun Distrik Tabildarin jajahan Ruslan ing tanah Asiah sishsisih. têngah (salèrpunsalèripun. tanah Afganistan) mêntas wontên lindhu agêng. Dhusun-dhusun ing laladan ngriku sami bosah-basèh. Cacahipun tiyang ingkang sami katiwasan, pêjah utawi nandhang tatu wontên 50.000. Wusana laladan wau lajêng dipun dhatêngi doktêr pintên-pintên lan para tiyang ingkang sami badhe têtulung.

AFRIKAH.

Pêrang Italie-Ethiopie. Ing minggu ingkang sampun kapêngkêr punika pêpêrangan ing Ethiopie, botên wontên kèndêlipun. Campuhing para prajurit tansah lumintu kemawon. Sapintên mênang lan kawonipun wadyabala Italie dèrèng kenging katêmtokakên. Makatên ugi wadyabala Ethiopie, inggih dèrèng kantênan sapintên kawon utawi mênangipun. Awit wontênipun kabar ingkang martosakên pêpêrangan wau kathah sangêt lan warni-warni, sarta inggih beda-beda. Mila botên sadaya kenging dipun pitados. Punapa malih manawi mêthiki kabar saking Italie dhapukanipun tiyang Italie lan kabar saking Ethiopie dhapukanipun tiyang Ethiopie, punika manawi kajèjèrakên lan katandhing mêsthi kathah sangêt bedanipun. Amargi mêsthinipun kalih-kalihipun sami dene badhe ngunggulakên nagarinipun piyambak-piyambak.

Cêkakipun kemawon wontêning pêpêrangan sapunika taksih rame, gêbag-ginêbag, tangèh wontêna ingkang purun têluk trimah kawon.

Manawi katandhing nagari kalih wau wadyabalanipun nama botên mbabag. Wadyabala Ethiopie ingkang kawon kathah lan kawon pirantos. Dêdamêling pêrang ingkang sabageyan kathah prasasat namung dêdamêl lêlandhêp kemawon, inggih punika bangsaning tumbak lan pêdhang. Manawi wadyabala Itali sadaya sami sikêp dêdamêl ingkang mawa latu wêdalan jaman enggal, modern. Mênggahing dêdamêl mawa latu punika saya modern inggih saya nggêgirisi. Awit dayanipun langkung ngedab-edabi. Kajawi punika wadyabala Italie sagêd migunakakên kapal mabur pintên-pintên kangge mjawahinjawahi. bom, ngrisak papan padununganing mêngsah. Kosok wangsulipun Ethiopie inggih gadhah kapal mabur, nanging botên sapintêna kathahipun lan prasasat namung kangge nganglang ngungak mêngsah kemawon.

Miturut kabar Italie ugi sampun wiwit migunakakên gas kangge ngrisak mêngsah. Punika langkung nggêgirisi tinimbang lan mriyêm utawi sanjata. Awit manawi katamakakên mêsthi botên badhe mlèsèt. Samantên punika manawi ingkang kaincih botên ngangge pirantos panulak gas. Mangka wadyabala Ethiopie ingkang sabagean agêng botên dipun sadhiyani topèng panulak gas.

Ewadene Italie anggènipun badhe numpês wadyabala Ethiopie inggih botên kanthi gampil-gampilan kemawon. Awit tanah Ethiopie punika kathah parêdènipun lan kathah sagantênipun wêdhi. Tumrap wadyabala Ethiopie parêdèn-parêdèn wau kenging kangge papan andhêdhêp mêngsah tuwin kangge papan pandhêlikan. Dados parêdèn-parêdèn wau pêpindhanipun kadosdene bètèng-bètèng ingkang santosa. Wondene sagantên-sagantên wêdhi punika ugi ngrêkaosakên lampahipun wadyabala Italie. Awit punika sami wiyar-wiyar lan bêntèr sangêt hawanipun. Mangka mêsthinipun bangsa Italie punika sami dèrèng kulina ngambah sagantên wêdhi. Manawi kirang kiyat badanipun, sagêd ugi namung badhe ambruk ing satêngahing sagantên wêdhi kemawon. Kajawi punika saking kirang kulinanipun ngambah nagarining mêngsah, wadyabala Italie kabaripun ugi kathah ingkang kaparak sêsakit malaria utawi dysentrie: wusana lajêng botên sagêd nglajêngakên tumut pêrang.

Dados manawi katandhing malih wadyabala Ethiopie punika ugi wontên mênangipun, inggih punika mênang papan lan mênang kulina ngambah papanipun pêpêrangan. Lan malih bangsa Ethiopie punika ugi klêbêt ewonipun bangsa ingkang kêndêl pêrang. Jalaran saking punika inggih dèrèng kantênan Italie enggal sagêd nêlukakên Ethiopie. Sanajan botên sagêd ngrêbati kitha sawatawis, pêrangipun mêksa taksih rame kemawon.

Ingkang rame punika botên namung nagari ingkang sami pêrang kemawon. Nagari sanèsipun ingkang sami migatosakên lan badhe cawe-cawe, sarta ingkang lairipun badhe ngèndêlakên wontêning pêpêrangan ugi rame. Malah sampun wontên ingkang nyadhiyakakên wadyabala lan dêdamêl kados badhe nututi ngadani pêrang, inggih punika nagari Inggris.

Nagari-nagari sanès wau anggènipun migatosakên wontêning pêpêrangan kados asêsarêngan, gumolong dados satunggal, dumunung wontên ing bêbadan agêng ingkang nama Volkenbond ing Geneve. Awit inggih Volkenbond punika ingkang dados sêsulih klêmpakipun nagari-nagari wau. Ing Volkenbond para wakiling nagari-nagari wau botên kêndhat-kêndhat anggènipun sami ngrêmbag bab pêpêrangan. Angsal-angsalaning rêmbag sapunika Volkenbond sampun ndhawahakên pangadilan, ingkang atêgês ndakwa kalêpatan lan badhe midana dhatêng Italie. Malah samangke sampun ngawontênakên commissie warni-warni ingkang kapurih ndhapuk rancangan anggènipun badhe midana dhatêng Italie. Ingkang botên sarujuk, botên purun tumut-tumut midana namung Oostenrijk, Hongarije lan Albanie.

Salah satunggaling commissie kasêbut nginggil ingkang kawastanan commissie alit sampun ndhapuk rancangan. Punika lajêng sampun dipun rêmbag lan dipun rujuki dening Commissie sanèsipun, inggih punika ingkang kawastanan sanctie-commissie. Dene rancangan wau suraosipun makatên.

1. Ngalang-alangi kintunan dêdamêl pêrang kangge Ethiopie kêdah tumuntên dipun kèndêli (dados nagari sanès kenging ngintuni dêdamêl pêrang dhatêng Ethiopie).

2. Ngintun utawi nglajêngakên kintunan dêdamêl pêrang dhatêng Italie kêdah tumuntên dipun kèndêli (dados nagari sanès botên kenging ngintun dêdamêl pêrang dhatêng Italie).

3. Ngawontênakên pranatan supados kintunan dêdamêl pêrang dhatêng nagari sanèsipun Italie sampun ngantos dumugi Italie utawi jajahan Italie.

4. Ngêcakakên rêrigên tigang warni wau tumrap contract-contract ingkang sampun tumindak.

5. Sabên nagari dipun kèn supados tumuntên sami lapur dhatêng "sanctie-commissie" mratelakakên pranatanipun piyambak-piyambak ing bab anggènipun badhe nindakakên rêrigên kasêbut nginggil.

Manawi rancangan wau èstu katindakakên mêsthinipun Italie inggih lajêng kados dipun mêngsah nagari pintên-pintên lan badhe kêkirangan barang warni-warni. Ewadene Italie sajakipun botên kuwatos, botên ajrih dipun cacad lan botên ajrih dipun satru nagari pintên-pintên. Tandhanipun dèrèng purun ngèndêli anggènipun pêrang. Malah anggènipun pêrang saya dangu saya mêmpêng, saya nggrêgut, ngangsêg saking lèr wetan lan kidul. Dados sadèrèngipun Volkenbond sagêd mênggak utawi ngalang-alangi Italie sampun kêlampahan damêl pêpêjah tuwin karisakan kathah.

--- 1307 ---

Wêwaosan

Wangsulipun Tarsan.

Piridan saking buku karanganipun Tuwan Edgar Rice Burroughs.

44

Tarsan amangsuli: Kula punika Tarsan bôngsa wanara.

Sang pawèstri: Lah ingkang dados karsa sampeyan punapa. Lan sabab dening punapa têka sampeyan amitulungi kula saking panganiayanipun pun Puntah, sang soroh amuk wau.

Tarsan: Sampun dados kuwajibanipun têtiyang jalêr mitulungi tiyang pawèstri saking salêbêtipun bêbaya.

Pêndhita èstri: Mênggah krêsa sampeyan, kula punika badhe dipun punapakakên.

Tarsan: Botên badhe kula punapak-punapakakên. Nanging sampeyan amitulungana kula sagêda kula mêdal saking papan ngriki.

Tarsan botên anggadhahi pangintên, bilih usulipun wau badhe katampi dening gêgununganing pandhita èstri. Awit saking pamanggihipun, saupami sagêda makatên, tatacara kurban wau, samangke têmtu lajêng dipun lajêngakên, nanging Tarsan ugi mangrêtos, bilih pandhita èstri sumêrêp, saupami piyambakipun dipun cêpêngana dêdamêl pêdhang, botên badhe nutut kadosdene manawi piyambakipun kabônda kados ing ngajêng.

Sadèrèngipun amangsuli, pandhita èstri nyawang dhatêng Tarsan ngantos sawatawis dangu.

Ing wusana piyambakipun lajêng awicantên makatên: Sampeyan punika satunggaling tiyang jalêr ingkang anggumunakên. Inggih tiyang jalêr ingkang kados sampeyan punika ingkang tansah kèmpi dening kula wiwit alit mila. Para lêluhur ingkang nurunakên kula, punika kintênipun inggih kados sampeyan punika gêgambaranipun. Para lêluhur kula punika inggih ingkang ngêdêgakên nagari agêng wontên ing laladaning wana grêng ngriki, saha ingkang lajêng anilar padununganipun lami prêlu anyingidakên donya brana wontên ing pusêring donya ngriki punika. Kula botên mangrêtos babarpisan, sabab punapa têka sampeyan purun anulungi kula punika, lan sabab dening punapa, ingatasipun kula, ingkang nêdya ngukum pêjah dhatêng sampeyan, samangke gêntos sampun kacêpêng ing tangan sampeyan, botên lajêng sampeyan pêjahi.

Tarsan: Sabab mênggahing pamanggih kula, anggèn sampeyan badhe mêjahi dhatêng kula wau, rak namung saking prentahing agami sampeyan. Dados, sanadyan kadospundi kemawon panganggêp kula dhatêng agami sampeyan, nanging kula botên kenging sêrik dhatêng sampeyan. Samangke kula badhe takèn dhatêng sampeyan: lugunipun sampeyan punika sintên, lan kula punika wontên nagarinipun bôngsa punapa.

Pandhita èstri: Nama kula punika: Lah, lan kula punika ingkang dados pangagênging para pandhitaning candhi Surya ing kitha Opar ngriki. Kula sadaya punika anak turunipun satunggiling bôngsa, ingkang kirang langkung sampun sadasa èwu taun sapriki, angumbara ing tanah ngriki prêlu pados êmas. Saking agênging nagarinipun, para lêluhur kula wau amêngkoni talatah ingkang kêlêtan sagantên, wiwit saking plêthèking srêngenge ngantos dumugi talatah suruping srêngenge. Para lêluhur kula wau sugih lan kuwasa sangêt, dene anggènipun manggèn wontên ing kadhaton ingkang sae-sae ing ngriki punika, namung sakêdhap-sakêdhap kemawon. Ingkang dangu wontên ing nagari wutah rahipun, ingkang prênahipun sisih lèr, têbih sangêt saking ngriki.

Ing kala samantên pintên-pintên baita kapal ingkang tansah wira-wiri alêlayaran saking padununganipun lami dhatêng padununganipun enggal punika. Manawi pinuju môngsa rêndhêng, têtiyang ingkang kapatah wontên ing ngriki namung sawatawis kathahipun, inggih punika ingkang kapiji sami ngulat-ulatakên têtiyang tumbasan ingkang sami nyambutdamêl wontên ing pamêlikan, para sudagar ingkang sami kêkulakan, tuwin para prajurit ingkang kawajiban anjagi kitha-kitha sarta papan-papan pamêlikan.

Ing satunggiling wêkdal sêmunipun kados wontên bêbaya agêng. Jalaran, masanipun têtiyang ewon ingkang kêdah wangsul mriki malih, jêbul botên wontên ingkang dhatêng satunggal-satunggala. Têtiyang ngriki ngantos pintên-pintên minggu anggènipun angêntosi. Salajêngipun nuntên angintunakên baita agêng anusuli lan anungsung warta, punapa sababipun dene saking nagari wutah rahipun sampun dumugi titimangsaning têtiyang dhatêng, têka botên wontên satunggal-tunggala ingkang dhatêng. Nanging sanadyan ngantos wêwulanan anggèning sami lêlayaran, ewasamantên botên sagêd amanggihakên nagari wutah rahipun, jalaran nagarinipun sirna tanpa tilas, dening kinêlêm ing toya sagantên.

Inggih wiwit punika lajêng dhawah ing apêsipun, bangsa kula. Jalaran saking kêkês lan mirising manahipun, ing wusana bôngsa kula wau lajêng gampil risakipun dening panganiayanipun bôngsa têtiyang cêmêng saking sisih lèr tuwin saking sisih kidul. Kitha-kithanipun lajêng wiwit sami dipun tilar, sawênèh wontên ingkang karêbat ing mêngsah. Sakantunipun lajêng kapêksa sami ngupados pandhêlikan wontên ing bètèng parêdèn ingkang santosa, inggih ing ngriki punika. Saking sakêdhik bôngsa kula wau lajêng saya suda panguwasanipun, kasusilan, kapintêran, tuwin kathahipun, ngantos danguning-dangu kadadosan namung kantun sakêdhik sarta agantos sipat kados wanara samangke punika.

--- 1308 ---

Mênggah sanyatanipun para wanara sampun dangu gêsang sêsarêngan kalihan kula sadaya punika. Panganggêp kula sadaya dhatêng para wanara wau, têtiyang ingkang kapisanan. Amila salajêngipun kula sadaya, anggèning migunakakên basaning wanara wau inggih sami kemawon kadosdene basanipun piyambak, dene kanggenipun basa kula piyambak, punika namung manawi pinuju nindakakên padamêlan ingkang gêgayutan kalihan agami. Nanging dangu-dangu botên kenging botên, basanipun piyambak wau tamtu badhe ical, lan salajêngipun namung migunakakên basanipun wanara kemawon. Botên watawis dangu malih kula sadaya tamtu botên badhe sagêd ngalang-alangi, anggènipun bôngsa kula kapêksa sami jêjodhoan kalihan bangsaning wanara. Dados saking sakêdhik kula sadaya tamtu lajêng wangsul dados kewan malih, kados ingkang nurunakên sakawit.

Tarsan apitakèn: Nanging sabab dening punapa, têka wujud sampeyan beda kalihan sanès-sanèsipun.

Pandhita èstri mangsuli: Jalaran saking sabab warni-warni, bôngsa kula têtiyang èstri, botên kados bangsanipun têtiyang jalêr, ingkang lajêng gampil ewahipun kabêkta ing kawontênan. Bokmanawi, kalanipun wontên bêbaya agêng kados ing ngajêng, têtiyang jalêr ingkang katilar wontên ing ngriki punika, ingkang kathah bôngsa sudra, nanging tumraping pangrêksa candhi-candhi ngriki ingkang sami kapatah anjagi para pawèstri darahing ngaluhur. Dene kula piyambak punika, kina-makina turunipun gêgununganing pandhita èstri. Pangkat kula punika turun-tumurun botên kasêlan ing tiyang sanès, ngêmungakên turunipun piyambak. Mênggah ingkang dados jodhonipun lêluhur kula turun-maturun, punika kapilihakên priya ingkang bagus piyambak sarta ingkang luhur sangêt asalipun. Dene sor-soranipun tiyang jalêr ingkang sarwa sampurna wau, ingkang sami dados jodhoning pandhita èstri sanès-sanèsipun.

Tarsan lajêng awicantên kalayan anyrèngès: Manawi nitik kawontênanipun têtiyang jalêr ing samangke, kados inggih botên patos angèl anggèning badhe milih ingkang bagus piyambak.

Pandhita èstri lajêng nyawang sakêdhap dhatêng Tarsan kanthi pasêmon ingkang nelakakên kirang rênaning manahipun. Ing wusana lajêng wicantên makatên: Sampeyan sampun ngandika ingkang sêmunipun angasorakên dhatêng kasucian makatên. Têtiyang jalêr wau sami sukci, tur sami pandhita.

Tarsan: Punapa wontên tiyang sanès-sanèsipun ingkang langkung bagus.

Pandita èstri: Sanès-sanèsipun sami langkung awon katimbang para pandhitanipun.

Tarsan trênyuh manahipun manawi angèngêti dhatêng lêlampahanipun gêgununganing pandhita èstri wau, awit sanadyan ing kala samantên sawanganipun namung katingal arêmu-rêmu, ewadene sagêd anyumêrêpi, bilih gêgununganing pandhita èstri satunggiling wanita ingkang endah ing warni sayêktos.

Salajêngipun Tarsan ujug-ujug pitakèn makatên: Lo, samangke mênggahing kula kadospundi, punapa niyat sampeyan uculakên malih utawi botên.

Wangsulanipun pandhita èstri kanthi têmên-têmên: Sampeyan punika sampun katêtêpakên dados kurban katur dhatêng Sang Hyang Bathara Surya. Manawi têtiyang wau sagêd amanggihakên sampeyan malih, sanadyan kula punika kuwasa, ewasamantên botên sagêd badhe mitulungi sampeyan. Sampeyan sampun kalampahan ngêtohakên jiwa kangge mitulungi gêsang kula. Sasagêd-sagêd kula inggih badhe mangsulakên malês pitulungan sampeyan. Nanging punika botên gampil, kalampahanipun kintên-kintên kêdah ngantos pintên-pintên dintên. Nanging danguning dangu kula têmtu badhe sagêd ngêdalakên sampeyan oncat saking ngriki, ngantos dumugi ing sajawining tembok. Môngga samangke sami tata-tata, awit para têtiyang wau botên dangu malih têmtu lajêng sami madosi kula mriki. Lan manawi têtiyang wau anyumêrêpi wontên kula kêkalih wontên ing ngriki botên wande kula kêkalih mêsthi pêjah, sabab kula mêsthi lajêng dipun dakwa, sampun botên sêtya malih dhatêng adhêping sêsêmbahan kula.

Tarsan enggal-enggal wicantên makatên: Saangsal-angsal sampeyan sampun ngantos angsal bêbaya ingkang samantên punika. Kula samangke badhe wangsul lumêbêt ing candhi malih, sarta ing mangke manawi kula sagêd manggih margi kangge oncat saking ngriki, têmtunipun botên wontên ingkang badhe andakwa sampeyan punapa-punapa.

Nanging panêdhanipun Tarsan ingkang makatên punika, pandhita èstri botên anayogyani. Ing wusana pandhita èstri lajêng angarih-arih Tarsan supados puruna tut wingking dhatêng piyambakipun. Tiyang kêkalih wau sampun kadangon anggènipun sami pêpanggihan wontên ing ngriku, amila têmtu angawontênakên pandakwa dhatêng pandhita èstri wau, sanajan pandhita èstri wangsula dhatêng candhi malih.

Sang pandhita èstri awicantên: Sampeyan badhe kula dhêlikakên rumiyin, sasampunipun, kula lajêng badhe wangsul piyambakan, sarta badhe nyariyosakên, bilih sasampunipun sampeyan amrêjaya Puntah, kula lajêng botên èngêt, punapa malih inggih lajêng botên sagêd anyumêrêpi dhatêng pundi purug sampeyan.

Pandhita èstri kairingakên Tarsan lumêbêt ing margi butulan ingkang lampahipun guthat-guthit tur pêtêng sangêt. Salajêngipun nuntên anjog ing kamar alit ingkang padhangipun namung angsal sorot saking bolonganing tembok ingkang selanipun kalolos satunggal.

Pandhita èstri awicantên: Ing ngriki punika ingkang dipun wastani: kamar pêjah. Dados botên badhe wontên tiyang ingkang anggadhahi gagasan nêdya madosi dhatêng ing ngriki, sabab têtiyang wau sami botên wani lumêbêt ing ngriki. Mangke manawi sampun wanci dalu, kula wangsul mriki malih. Bokmanawi ing mangke kula sagêd amanggihakên kadospundi sagêdipun amitulungi sampeyan oncat saking ngriki.

Sasampunipun wicantên makatên, gêgununganing pandhita èstri lajêng kesah, lan Tarsan lajêng kantun piyambakan wontên ing kamar pêjah ing salêbêting tilas kadhaton ing kitha Opar. Badhe kasambêtan.

--- [0] ---

Nagara Mirasa

Cariyosipun satunggaling nagari ingkang mirah têdha. Tiyang ingkang drêmba piyambak, punika ingkang dipun pilih dados ratu. Anèh, lucu. Minôngka icip-icip, ing ngandhap punika pêthikanipun, inggih punika nalika pun Kêsèd jumênêng nata jalaran saking drêmbanipun.

Dhandhanggula

Salêbune Kêsèd milang-miling / ing batine bangêt gone eram / ora ngira kono rame / uwonge lêmu-lêmu / sakgon-ênggon uwonge mukti / dalah ing dalan-dalan / wong mung pating thrênguk / disambi enak mêmangan / ana manèh wong mung kalekaran ngêmil / disambi ura-ura //

enak-enuk wong nagara mukti / ora tau golèk kabutuhan / sandhang pangan kari nyampe / sakgon-ênggon wis mumbruk / ora wêruh rasaning arip / tangi turu kapenak / wis mèh wayah bêdhug / padha didohi ing lara / mung nyatane malah wis kêbak panyakit / saka kêsèd ajêgan //

Kêsèd mubêng turut dalan nitik / ora ana wong mlaku ing dalan / nganti gumun ing batine / nadyan akèh wong wêruh / Kêsèd liwat ora mraduli / aja manèh sing nyapa / sajak ora butuh / Gus Kêsèd nuli kêpêksa / mundhuk-mundhuk nyang gon wong akèh marani / karo alon nyuwara //

kula badhe pitakèn sakêdhik / durung nganti tutug gone kôndha / wong-wong padha ngadêg kabèh / ana sing nuli bikut / anggêlari kalasa pasir / ing dhuwur babud anyar / bantal guling gêmbuk / Kêsèd nuli dirêrômpa / ora kêndhat wong akèh padha nyêmbahi / karo andhodhok tata //

nuli ana uwong tuwa siji / angaturi karo bangêt bungah / dene ta gustiku kiye / kaparêng mampir rawuh / nugrahane bakal numusi / adhuh gusti sumôngga / pinarak ing babud / e, kônca enggal wêtokna / dhêdhaharan bèn kaparêng dhahar gusti / kowe sing padha bêgja //

ora suwe ladène andlidir / sing lêladèn padha wong nonoman / dene rupaning ladène / sêga kabuli mumbruk / têlung panjang agêdhi-gêdhi / wujude bangêt nglênga / iwake ting thrungul / dibyuki gorengamgorengan. brambang / bokmanawa kandêle ana sanyari / gandane tobat-tobat //

pangiringe jêrohan kêmripik / iwak wêdhus asine sêdhêngan / ora lali nganggo sate / kumukus kêlun-kêlun / lagi mêntas saka ing gêni / ditata rada cêdhak / karo acar timun / karupuke krupuk urang / gi-lêgine gêdhang raja matêng uwit / banyu ès ana gêlas //

Kêsèd nganti kuwur plirak-plirik / irung tansah mêkrok ora kêndhat / saka wêruh karêmane / wêtêng muni kêlukuk / didhèhèmi barêngan wahing / dadi kêsêlak-sêlak / hak huk hak huk watuk / nuli ana wong sing kôndha / môngga gusti dhahar kagêm icip-icip / mung kangge jampi lêsah //

wangunipun sangêt sayah gusti / kalêrêsan mendanipun gibas / mathuk sangêt dipun sate / Kêsèd rada pakewuh / nuli alon gone mangsuli / ananging ora cêtha / saka kêbak idu / lagi bothên ngêthos kuwa / dhene paman dhathêng kuwa nêbut gusthi / kuwa kêsèd ing nglika //

gone muni karo anudingi / prênah jaba minôngka katrangan / yèn uwong anyar dhèwèke / wong akèh banjur umyung / bêbarêngan nyêmbah lan muni / yèn botên gusti kula / môngsa sagêd rawuh / inggih wiwit sapunika / ratunipun sadaya tiyang ing ngriki / inggih namung sang nata //

dikapakna Kêsèd ora ngrêti / ing batine mung môngsa bodhoa / nuli narik panjang gêdhe / puluke kojong munjung / ing salêpan luwih sabithi / sadhela uwis bablas / kriyêk nêkuk krupuk / sate diurut rentengan / sêsujène mumbruk angêbêki piring / plêpêg ngombe sagêlas //

tanpa ngaso nuli angambali / sêga manèh sisane rong panjang / karo nguntut jêroane / kêmripik kriyuk-kriyuk / salintire nganggo nyêlani / acar timun wutuhan / nywara krêmus-krêmus / kabèh sauwise bablas / duduh acar ora lali diuyupi / karo kêcap mak kêplak //

nuli nyandhak gêdhang lêgi-lêgi / siji-siji dilêlês ulêran / môngka gêdhang gêdhe-gêdhe / cacah satangkêp mak mut / lagi ketok marêm sathithik / tandhane wis katara / glègèkên u ha uk / nuli ana wong nyuwara / ora lidok yèn sing rawuh iki gusti / kêtitik gone dhahar //

nuli ana wong clathu nyêlani / sampun môngga tumuntên bidhalan / malêbêt kadhaton mangke / banjur budhal gumrudug / Kêsèd êmung sarwa nuruti / ora suwe wis têkan / kêdhatoning ratu / temboke nuli dibêdhah / ing wong akèh dene têtemboke kuwi / iya rupa panganan //

Kêsèd mêksa isih angicipi / pamamahe olèh têlung prongkol / mung nêlung bithi gêdhene / kabèh banjur malêbu / kono ketok ana wong linggih / lêmune ora lumrah / wêtêng kaya kasur / nèng paturon angêdhangkrang / wong sing têka nuli bae amarani / uwong mau dilarak //

satêmêne ratu uwong kuwi / nanging uwis dadi tatacara / mêsthi ana gêgêntine / yakuwi wong sing mlêbu / lan kabèhe trima anggusti / ratu nuli amêndhak / karo alon matur / dhuh gusti môngga pinarak / kula pasrah kaprabon nagari ngriki / Kêsèd ora nglêgewa //

nuli têtêp saiki ngratoni / jêjuluke Sri Kêsèd Wisesa / mukti bangêt saikine / wong kabèh nuli mundur / sawêtune wong kabèh kuwi / temboking pakarangan / sanalika mingkup / Sang Prabu Kêsèd Wisesa / kari ijèn nèng kadhaton tanpa kanthi / kaya wong dikunjara //

Sêrat Nagara Mirasa. Rêginipun kaandhapakên.

Rumiyin f 0.60 samangke ... f 0.20

Wêdalan - Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 83, Stu Lê, 21 Rêjêp Jimakir 1866, 19 Oktobêr 1935, Taun X

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1309] ---

Ôngka 83, Stu Lê, 21 Rêjêb Jimakir 1866, 19 Oktobêr 1935, Taun X

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1,50 bayaran kasuwun rumiyin botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka ing sawingkinging kantor Palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Tatwawara - Minggah ing Rêdi Lawu - Bab Kapal ing Tanah Jawi ingkang Misuwur - Adpêrtènsi - Pamardi Jiwa Lare - Kawontênan ing Tiongkok - Bab Pitulungan Dhoktêr - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Tatwawara

[Mêgatruh]

Lamun kobêr bêcik padha analusur / marang sarira pribadi / sapira ukuranipun / yèn wis wêruh aywa kongsi / tumindak ngluwihi bobot //

dene murih wêruha mring bobotipun / kudu gêlêm anyalini / watêk lan bêbudènipun / kang tansah dèn kulinani / yèku raos myang pangraos //

wit kaprahe rasa pangrasa puniku / amung sarwa gak kêdugi / sanadyan kang dudu ukur / niyate rinangsang wani / barêng tan tèyèng angglolo //

mulane yèn pancèn têmên ing panggayuh /aja kadi rare alit / sênêng kinudang ing biyung / cêngak-cêngèk dhêmên nangis / yèn wong tuwa tan mangkono //

dèn prasaja kabèh budi pakartimu / yèn wus wiwit mrasajani / suwe-suwe bakal wêruh / kikis kodrating ngaurip / bisa ngantêb bisa bobot //

mring lêlakon kang kudu dadya pangayun / têgêse kang dèn êboti / yêkti parmaning Hyang Agung / tan kewran bênêring urip / êndi kang kudu linakon //

--- 1310 ---

Darmawisata

Minggah ing Argadalêm (Rêdi Lawu)

Sampun dados ngadatipun tiyang pribumi wiwit kina-kina, têtiyang minggah ing rêdi Lawu ingkang dhêdhasaring manah sumêdya tirakat utawi kadosdene tarakbrata, kasêkêlan ngupados lêjaring manah sasaminipun, punika wulanipun ingkang dipun angge pangkat minggah wau têmtu ngêmungakên wulan warni sakawan, inggih punika kêdah wontên wulan Sura, Mulud, Ruwah sarta Bêsar kemawon, salah satunggal pundi ingkang dipun pilih, sanèsipun wulan sakawan warni kasêbut nginggil wau, kacariyos botên prayogi, kajawi manawi nglampahi ayahan padamêlan parentah, utawi para bôngsa tuwan-tuwan Walandi sasaminipun namung lugu badhe palêsiran badhe sumêrêp kemawon, lah punika kenging sakajêng-kajêngipun utawi sawanci-wancining wulan. Makatên miturut saking gotèkipun para sêpuh kina tuwin para lawangan ingkang asring ngêtêrakên utawi minôngka têdah margi ing nginggil rêdi. Utawi malih sabên-sabên kula nyumêrêpi, janji tiyang minggah rêdi Lawu wau wulanipun têmtu nglêrêsi salah satunggaling wulan warni sakawan kasêbut nginggil.

[Grafik]

Têtiyang nuju sami ngaso wontên ing sêndhang Dlajad ing rêdi Lawu.

Makatên malih têtiyang ingkang sêdya tirakat utawi ngalap brêkah sasaminipun wau, bêbêktanipun sangu têtêdhan sapanunggilanipun saya langkung pêpak, awit kajawi têtêdhan, ombèn-ombèn ingkang murugakên dhatêng kasarasaning badan, ugi mirantos têtêdhan utawi ombèn-ombèn ingkang badhe kadamêl sajèn punapa. Wôndene wujud sarta cacahing sajèn wau adat sabên ingkang sampun nate kalampahan, inggih punika: I juwadah, II gêmbili, III panggang tumpêng, IV srutu, V jênèwêr utawi arak, VI mênyan, tuwin VII cêngkaruk. Wontênipun sadaya wau sasampunipun kasajèkakên pundi panggenan ingkang sinêdya, punapa malih kaujubakên ing saprêlunipun, lajêng kalorod ingkang gadhah kajad piyambak, katêdha ing ngênggèn ngriku kemawon. Nanging para bôngsa ngamônca ingkang namung sakplêsir-plêsir punapadene têtiyang ingkang nglampahi padamêlan wajibing parentah, sangunipun botên kanthi sajèn, kajawi namung

--- 1311 ---

bôngsa têtêdhan lan bôngsa angêt-angêt ingkang murugakên kasarasaning badan thok kemawôn.

Kauningana, ing rêdi Lawu punika hawanipun sangêt asrêpipun dhatêng badan, saking dayaning angin. Kajawi angin, sakêdhap-sakêdhap kataman jawah ampuhan, tumrap tiyang ingkang kirang tawêkal kathah ingkang manggih rubeda, malah dumugi ing tiwas. Inggih sabab saking asrêpipun wau, amila kathah ingkang mirantos ombèn-ombèn angêt, sawênèh wontên ingkang ambêkta umpling, konyak, mrica tuwin sapanunggilanipun. Sanadyan panggenan asrêpipun anggêgirisi kados makatên, suprandene kathah-kathahipun tiyang, asring-asring wontên satunggal kalih tiyang èstri ingkang ugi tumut minggah, nanging ingkang sampun-sampun namung dumugi têngah-têngahan kemawon lajêng sampun kèndêl utawi wangsul, botên ngantos dumugi nginggil utawi perangan pucak, bokbilih kirang kuwawi dening hawa asrêp wau, awit nyêlot minggah asrêpipun nyêlot saya sangêt. Lajêng sapunika nyariyosakên bab minggah rêdi Lawu sawêg perangan ing Argadalêm, lampah-lampah tuwin kawontênan ingkang prêlu sami dipun cathêti cêkakan kasêbut ing ngandhap punika.

[Grafik]

Sawangan ing Argadalêm rêdi Lawu.

Dèrèng dangu wontên golongan neneman kintên-kintên sadaya tiyang 12, sêsarêngan sami minggah ing rêdi Lawu perangan Argadalêm, dados taksih têngah-têngah, dèrèng patosa dumugi perangan pucak. Angkatipun saking Surakarta anglêrêsi dintên Jumungah, sarênganipun sawêg tiyang 6, mêdal Sragèn numpak motor bis, dumugi Sragèn kancanipun wêwah tiyang 6 malih dados 12, sêsarêngan lajêng sami lumampah dharat, lêrêsing tujunipun ngidul ngetan, anglangkungi pabrik sêrat nanas Ngarum, lajêng pabrik kopi Rêjawinangun, Janawi, lajêng margi ingkang karan luk sawêlas, kabêkta saking nêkak-nêkukipun ngantos sawêlas enggokan, sadangunipun namung nglangkungi turut wana kemawon. Badhe kasambêtan.

P.K. 585.

--- 1332 ---

Bab Ingahan

Bab Kapal ing Tanah Jawi ingkang Misuwur.

Sampun kina-makina kapal makatên dados kasênênganipun bôngsa Jawi, katôndha dados sêkar lathi, inggih punika paksi kuda curiga. Malah kula sêbut kasênênganipun taksih kirang, sarta kula sêbut pêpundhènipun inggih kenging, katôndha dipun anggêp dayan-dinayan dhatêng slira, tôndha yêktinipun ngantos sapriki, upami priyantun badhe ngarsakakên mundhut titihan, punika botên gampil, awit gambaripun sampun cocog, ananging manawi mathinipun awon, kados ta: cithak kêlorot, kala kêpèpèt, sampun tamtu kapal wau botên saèstu kapundhut. Awit ing manah botên sakeca, sabab mathi cithak kalorot punika angsaripun awon, inggih sampun mastani piyambak cithak têgêsipun marakake, kêlorot têgêsipun kêlungsur kalênggahan. Sintên ingkang botên kasamaran dhatêng wêca makatên wau. Utawi kathah malih panunggilanipun.

[Grafik]

Watangan.

Yèn nitik sêrat-sêrat kina, ambokmanawi rame-ramenipun kapal, têgêsipun rame-ramenipun bôngsa Jawi rêmên dhatêng kapal, utawi kapal dados agul-agul, wontên ing jaman Kartasura, katôndha wontên cacriyosan Kangjêng Sinuhun ing Kartasura karênan sangêt dhatêng kapal, sampun tamtu para santana, para abdi-abdi dalêm inggih lajêng andhèrèk kemawon. Cêkaking jaman samantên asring wontên ramèn-ramèn, upaminipun têgar, watangan utawi sapanunggilanipun. Awit saking punika kapal lajêng dados agul-agul, ngantos kalêbêt dados bêbasan: kuda curiga wau, ingkang atêgês kaprajan Jawi. Anggèn kula sagêd matur makatên wau mirêng cacriyosan, yèn sêrat katurangganing kapal ingkang sae, punika pandhapukipun, atas ing Sahandhap Sampeyan Dalêm. Ingkang ngimpun sang pujôngga Kartasura pêparab: Waladana. Kados makatên mênggah saking cacriyosan, lêrês lêpatipun namung sumôngga.

--- 1313 ---

Amangsuli atur kula ing ngajêng, dados kados ingkang kacariyos, bôngsa Jawi sampun kulina dhatêng kapal, ugi atêgês kapal makatên ingah-ingahanipun, ananging ngingah ingkang dhêdhasar pamardi pambranahan botên cara, awit kados katrangan ing nginggil, katôndha ngantos sapriki tiyang gêgadhahan kapal jalêr sae kok wontên ingkang kapengin mêndhêt turunipun tamtu botên suka. Ewadene pancèn botên maibên, sabab kapal jalêr ingkang sampun nate macêk, upami sawêg dipun tumpaki lajêng wontên margi papagan kapal èstri, punika lajêng rongèh, ambêngingèh. Cêkak lajêng anggêga kajêngipun piyambak, sampun tamtu saru sarta damêl kasamaran ingkang numpak, kados makatên katranganipun.

Ing tanah ngriki pamiyaran ngingah kapal, ingkang dhêdhasar ambranahakên, inggih punika upaminipun ing Sumba, ingkang kapalipun winastan sandêlwud, yèn tiyang Jawi mastani kapal kore punika. Punika wêdalipun dhatêng mônca nagari lumintu ngantos maèwu-èwu, pramila kapal makatên dumunung dados kasugihanipun tanah Sumba.

Inggih kasinggihan ing tanah Jawi wontên panggenan-panggenan ingkang misuwur turunan saking pambranahan ngriku, kados ta: kapal Kêdhu utawi kapal Priyangan, ananging kamisuwuranipun raosipun sampun beda, awit sampun atas pamardinipun nagari atêgês dede dhêdhasar utawi caranipun têtiyang Jawi piyambak. Katranganipun wontên sarta ugi badhe kapratelakakên. Gampilipun panggenan-panggenan wau nyata kathah tiyang ngingah kapal, ananging katawis botên dhadhêsar pamardi, pramila rèhning jaman samantên raosipun pamiyaran kapal katingal nêsêg kamajênganipun, nalaripun ing jaman samantên dèrèng wontên oto, dados nagari lajêng aparing pamacêk ingkang nocogi kawontênan ing ngriki, inggih punika kapal sandêl wau.

[Iklan]

Dene kawontênanipun kapal ingkang kula aturakên ing nginggil kados ing ngandhap punika: miturut umuming tiyang ginêman: Ha, kapal Kêdhu, makatên pangaran-aran saking môncanagari. Yèn tiyang cakêt-cakêtipun ngriku mastani: kapal margawati. Sampun tamtu bab wau inggih wontên goyat-gayutipun, ing ngandap ugi badhe katêrangakên. Badhe kasambêtan.

Sumadi, Pangarasan.

--- 1314 ---

Jiwa Lare tuwin Pamardi

Karanganipun Suwarja, kapala guru pawiyatan Budi Utama, Mistêr Kornèlis.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 80.

Ing cariyos ringgit, kados ing Sêrat Rama tuwin Mahabarata, ngantos anggumunakên panggambaripun pêrangipun manungsa ingkang gadhah budi sae kalihan manungsa ingkang gadhah budi murka. Dongèng sakathahing dongèng botên namung kangge ambêbingah lare alit kemawon, nanging ugi mêngku piwulang ingkang lêbêt tumrap dhatêng tiyang sêpuh. Makatên ugi ingkang awujud dolananipun lare, sadaya wau nandhakakên, bilih kabatosan punika pancèn dados bakuning gêsangipun bôngsa kula sadaya.

Lampahipun anyumêrêpakên jiwaning lare dhatêng pêpadhang inggih makatên, sanajan kalaksananipun sagêd anyumêrêpi dhatêng pêpadhang wau wontên ing larenipun piyambak, nanging juru pamardi ingkang sagêd mitulungi.

Dados manawi drajating gêsangipun bôngsa badhe kabangun malih, punika saking pamanggih kula ingkang dados baku kêdah nyumêrêpakên margining jiwa dhatêng pêpadhang wau. Kajawi punika ugi kêdah dipun sisihi panuntun dhatêng bôngsa sarta dhatêng kalantipaning pikiran, dhatêng raos trêsna dhatêng bôngsa sarta dhatêng grêgêt rêmên akal-akal tumandang damêl.

Kados ingkang sampun katêrangakên ing ngajêng, lampahipun mêkarakên jiwaning lare, punika kêdah sarana suka kamardikan ingkang kathah.

Jiwa badhe sumêrêp piyambak dhatêng pêpadhang, enggal laminipun miturut kodratipun. Nanging manawi botên wontên pitulunganipun pun sêpuh, sagêd ugi tumindakipun angsal ribêd.

Namung kosokwangsulipun ugi botên kenging kajagèkakên, bilih awit saking pitulunganipun tiyang sêpuh wau pun lare mêsthi sagêd anggayuh kasampurnaning gêsang. Kula sadaya kêdah botên kenging kasupèn, bilih satunggal-satunggalipun lare punika sampun ambêkta pêpêsthèning gêsangipun piyambak-piyambak. Inggih punika panguwaosing alam ingkang kula sadaya botên wênang tumut punapa-punapa.

Namung kemawon wajibipun tiyang sêpuh kêdah tansah suka kamardikan ingkang ombèr, suka pangayoman ingkang cêkap dhatêng pun lare. Sarta manawi sampun cêkap pambudidayanipun, lajêng kapasrahakên dhatêng pêpêsthèning lare piyambak.

IX Rêkaosipun tiyang mardi lare.

a. Lare ingkang nakal.

Kathah tiyang sêpuh ingkang sambat mardi anakipun, jalaran anakipun nakal. Manawi wontên lêlampahan ingkang kados makatên punika wajibipun tiyang sêpuh kêdah naliti sabab-sababipun. Yèn sabab-sababipun awit saking pun sêpuh piyambak, sampun mêsthi sagêd enggal dipun dandosi. Nanging yèn pinanggihipun sabab wontên ing lare, panalitinipun wajib dipun lajêngakên. Pancèn kanakalanipun lare punika tumrap kasabaranipun tiyang sêpuh minôngka dados èksamênipun. Badhe kasambêtan.

--- 1315 ---

Nagari dalah Têtiyangipun

Kawontênan ing Tiongkok

Manawi angèngêti ebah-ebahaning jaman, pasulayan punika nama pinanggih umum, tuwin kados sampun dados tata ngadating donya, kêdah wontên pasulayan. Pangudaraos ingkang kados makatên wau pinanggih kapara nyata, awit mèh botên wontên kêndhatipun, tansah wontên pasulayan kemawon. Môngka mênggahing pasulayan, punika pindhanipun kadosdene uribing latu, sanadyan pinanggih sampun sirêp, nanging tabêting bêntèr tamtu taksih wontên.

[Grafik]

Kasangsaran jalaran bêna agêng ing Angko nagari Tiongkok.

Tabêt ingkang kados makatên wau, pinanggih kadosdene pasulayanipun Tiongkok kalihan Jêpan, punika umumipun katingal sampun sirêp, nanging tabêt ingkang thukul inggih tansah wontên kemawon. Manawi dipun manah makatên, sampun malih pasulayanipun Tiongkok kalihan Jêpan, ingkang pinanggihipun sawêg kemawon, nama sampun layak manawi taksih anggadhahi daya bêntèr. Balik pasulayanipun Itali kalihan Ngabêsi, punika manawi dipun [di...]

--- 1316 ---

[...pun] tingali sabrebetan, cêtha saking tuwuhing jalaran enggal, nanging nyatanipun jêbul inggih kêmoran bêntèring latu ingkang sampun kêpêndhêm dangu.

Tumraping Tiongkok, punika ing ngajêng, ing nalika jaman dèrèng majêng, malah kenging dipun wastani kala ing jaman kina, ugi sampun pasulayan, nanging pasulayan ing kala jaman samatên, kenging dipun wastani botên sapintêna, awit prênahipun Tiongkok kalihan Jêpan punika kêlêt-lêtan samodra agêng, dados sakalangkung têbih. Nanging sarêng laladan Tiongkok sisih wetan, inggih punika Koreah tuwin Mansuriah kêbrokan ing bôngsa Jêpan, Tiongkok anggèning mêmêngsahan kalihan Jêpan rumaos cakêt sangêt, mila pinanggihipun pasulayan sakalangkung rame. Rahayu dene lajêng sagêd sirêp.

[Grafik]

Para wanita ing Jêpan nuju sami nyinau migunakakên dêdamêl pênthung.

Sirêping pasulayan wau lajêng kathah tatanan enggal, ingkang lèrègipun dados pangajap dhatêng katêntrêman, nanging tumrapipun Tiongkok, namung sarwa manggih kapitunan, awit tatanan wau têtêp saking pamardining mêngsah anggèning ngangkah dhatêng têtêping panguwaosipun. Inggih punika ngawisi ngawontênakên prajurit wontên ing papan tilasing paprangan, sanadyan wontêna, namung kangge anjagi tata têntrêm.

Tatanan ingkang makatên punika, tamtu kemawon gampil onyanipun, awit tumraping Tiongkok rumaos tansah kêpêtêk ing sabab ingkang sakalangkung awrat, nanging tuwuhing ebah-ebahan ingkang badhe dados rame, lajêng sagêd dipun sirêp saking panataning panguwaos ing ngriku kemawon, botên ngantos dumugi nginggil. Lan malih sarèhning Jêpan punika wontênipun ing Tiongkok sampun mênang cangap, punapa sapangrèhipun araos pangaribawa saking dayaning dêdamêl, pinanggihipun tansah sarwa kalampahan. Nanging ugi wontên raos bilih ebahing golongan Tiongkok, punika pancèn saking pandamêling sawênèhipun golongan, supados Tiongkok botên kêlajêng-lajêng anggèning supêkêt kalihan Jêpan.

Ingkang pinanggih ing Tiongkok, agul-aguling bôngsa ingkang kakintên badhe ngrampungi saha badhe damêl [damê...]

--- 1317 ---

[...l] rahayuning praja, punika pinanggih wontên panjênênganipun Tsyang Kai Syek, awit panjênênganipun punika ing ngajêng dados sèkrêtarisipun Dr. Sun Yat Sen, ingkang misuwur ing jagad Tiongkok. Pinanggihipun kala samantên Tsyang Kai Syek dipun anggêp dados bêbau têngên.

Sawarnining lampah ingkang wigatos punika tumindakipun Tsyang Kai Syek kala samantên tansah dipun wawas dening Dr. Sun, dados ing pangitên tumraping wêwados punapadene pangrantam lampahing pulitik praja, Tsyang Kai Syek sampun botên kêkilapan. Nanging tumrap wawasaning ngakathah, Tsyang Kai Syek punika tansah dipun sujanakakên, malah lajêng kataman ing pangintên, bilih nêdya makakakên bôngsa Tionghwa dhatêng Jêpan. Ewasamantên, wantunipun Tsyang Kai Syek punika pancèn adhêdhasar sae tuwin mumpuni, sêsulakipun inggih tansah katingal.

Manawi ngèngêti warni-warnining golongan, bab têntrêm utawi botênipun, tiyang dèrèng sagêd angêbabi, awit golongan-golongan wau sami anggadhahi wawasan piyambak-piyambak, wontên ingkang sarujuk lajêng rakêt kalihan Jêpan, wontên ingkang ambaguguk nêdya mêmêngsahan, sawênèh ambêntèri dhatêng bangsanipun piyambak.

Ing bab muntabing manah ingkang nêdya rêrêmpon, punika ingkang cêtha sangêt, pinanggih wontên ing trajangipun Jendral Ma Chan San, ingkang pancèn misuwur ing paprangan. Tekadipun jendral wau kados sampun botên kenging dipun pênggak malih, malah jendral wau sampun mundur saking kalangan paprangan ngantos kalih taun, nanging sarêng sumêrêp sêsulaking praja badhe asor, lajêng tuwuh kapurunanipun malih, nêdya nanggulangi mêngsah ingkang langkung kawasa, pangiyasipun Jendral Ma Chan San, sanadyan rakyat Tiongkok sampun sirna sapalih, nanging wajib kêdah nanggulangi mêngsah awit mimis satunggal punika inggih namung damêl pêjahing tiyang satunggal, kawasaning motor mabur, botên badhe sagêd numpês tiyang sadaya. Dene sêdya wau manawi botên kasêmbadan, atêgês Tiongkok namung badhe pasrah bongkokan dhatêng Jêpan.

Ing bab tindak kasujanan tumrap dhatêng mêngsah, punika pancèn botên kenging dipun lêpatakên, awit kasujanan ingkang kados makatên punika prêlu kangge anjagèni manawi wontên sabab ingkang tuwuh dadakan.

Ing sêmu bab tataning ekonominipun nagari kêkalih wau sampun katata prayogi, nanging nyatanipun inggih dèrèng kenging dipun wastani tumata yêktos, kados ta ing bab tumindaking beya uwos saking Jêpan ingkang malêbêt dhatêng Tiongkok, punika pinanggih sampun nyulayani prajanjian. Ing ngriku Jêpan lajêng ambidhalakên wadya lautan saking Hongkong dhatêng Swatow, prêlu kangge ngayomi bôndha tuwin rakyat Jêpan. Ing salajêngipun Jêpan lajêng ngebahakên tatanan wadyabala, wosipun angagêngakên kasujanan. Malah pinanggihipun ing kawontênan, kasujananipun Jêpan punika inggih tumuju dhatêng Inggris tuwin Amerikah, botên namung dhatêng Tiongkok kemawon.

Manawi ngèngêti kawontênan ingkang kados makatên punika, angèl dumukanipun ing bab babagan rukun.

--- 1318 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Bab Pitulungan Dhoktêr.

III.

Garèng: Truk, kowe kuwi le ora mèmpêr. Prakara protès sarana bayar sêpuluh rupiyah, kuwi rak lagi jênêng usul, tur usul sing ora kalêbu nalar, têgêse: bisa uga salahe kana, nanging kene sing dikon bayar, ana ujug-ujug têka: glothak, dicêplosake bae. Ambalèni rêmbugane ing ngarêp, Truk. Aku pancèn iya prêcaya bangêt, yèn wong-wong kang manggon ana ing kutha sing gêdhe-gêdhe kuwi ora bakal kapiran mungguhing pitulungan dhoktêr, sanadyan malarata dikaya ngapa. Mung bae, hla kiyi sing sok dadi munêg-munêging rêmpêlu, nèk sing lara kuwi wong mlarat, banjur ngaturi ndara dhoktêr, sing akèh anggone arêp rawuh sok banjur sugih aras-arasên, lumrahe mung sok dhawuh: kudu digawa nyang sebesèt (romah sakit).

Petruk: Kiyi kowe ora kêna maido, Kang Garèng, sanadyana dhoktêr rak iya mung jênêng manungsa blaka, têgêse: mêsthi kanggonan sayah lan kêsêl, dadi anggone ora krêsa rawuh mau, bisa uga jalaran saka sayah bangêt, kêpengin ngaso sawatara. Lan anggone banjur dhawuh nyang: sebesèt, kuwi pancèn wis bênêre, sabab miturut pranatane, tumrap wong lara sing ora bisa bayar dhoktêr, bisa ditômpa ana ing sebesèt kanthi lêlahanan, kanthi ora bayar.

Garèng: Iya bênêr, Truk, mung bae, saupama ndara dhoktêr mau krêsa ngrawuhi, sanadyan mung arêp dhawuh: kudu digawa nyang romah sakit, lo kuwi wonge rak wis ayêm, wis lêga. Wong jamane saiki kiyi, saka gêdhening kaprêcayane nyang kapintêrane ndara dhoktêr, aja manèh nganti diparingi tômba, lagi ditiliki bae rasane sing lara wis kayadene wong karipan diombèni kopi tubruk mak: pyar. Karêpku kuwi, nèk wis niyat krêsa jumênêng dadi dhoktêr, ambok iya aja bangêt-bangêt anggone kawratan poconge.

Petruk: Wiyah, uwong kuwi rak iya ora padha kabèh, ana sing enthengan, ana sing ora. Kowe bae kêpriye, lagine dadi bakul saoto, diundang uwong dikon lumêbu nyang buri, dupèh mung ditukoni samangkok, kowe banjur glêndhêngan bênggala: wis prêlu-prêlu nyang buri barang, jêbul mung ditukoni samangkok, apa diarani ora adoh apa, saka dalan gêdhe lumêbu nyang omahe kuwi, anggone mikul [mi...]

--- 1319 ---

[...kul] bae masa gêlêma diopahi rêgane saoto samangkok. Mara, Kang Garèng, lagine dadi bakul saoto bae wis pêtingkah, lo kuwi nèk uwong. Mêngkono uga mungguhing dhoktêr. Kowe ora kêna maido yèn banjur ana sing sok ...

Garèng: ... Pêtingkah. Kowe kuwi pancèn iya wong sêmbrana, Truk, ana bêndara dhoktêr kathik dipadhakake bakul saoto, ngetung bangêt nyang baune utawa nyang kangelane. Nèk bakul saoto sok garundêlan, kuwi mèmpêr, sabab pawitane mung-mungan, yèn ambuwang-buwang wêktu kang muspra, kuwi saotone bisa uga banjur mambu, lan sabanjure ora payu manèh. Seje karo bêndara dhoktêr, pawitane rak kapintêran sarta bènsin sawatara, dadi mêsthine iya ora krêsa ngetung bau utawa kangelane. Apa manèh, nèk cara dagange, bangsaning dhoktêr kuwi bisa gawe balanês (ballans), yaiku: ing kene gratis ing kana bisa ngantêm krama. Jalaran saka iku, mulane iya tak salahake bangêt, yèn ana dhoktêr kabotan bokong.

[Grafik]

Petruk: Saakèh-akèhing dhoktêr, mula iya sok ana sing ngetung bangêt mênyang kangelane, alias: mripat dhuwitên. Nanging umume, para dhoktêr kuwi, jalaran kagawa saka pangajarane, apadene saka pagaweane, mêsthi padha enthengan, ora ngetung bangêt-bangêt marang rêkasa lan kangelane, sarta iya rêmên têtulung, apa manèh mênyang bangsane dhewe kiyi. Apa iya ngilang-ilangake anggone dhèk biyèn dadi warganing pakumpulan, Indhonesiah Mudha, sing agul-agule ora liya: nêdya ambantu nêgara wutah gêtihe lan bangsane. Mulane, tak balèni manèh kandhaku ing ngarêp, ing kutha sin gêdhe-gêdhe bangsaku kiyi mêsthi ora bakal kapiran mungguhing pitulungan dhoktêr.

Garèng: Sing diarani kutha gêdhe ing tanahe dhewe iki, yaiku: Bêtawi, Surabaya, Bandhung, Sêmarang, Surakarta, lan sapêpadhane. Ora, Truk, mungguh wong-wong bangsane dhewe sing manggon ana ing kutha sing gêdhe-gadhe, kuwi kira-kira apa ana sêparone cacahe bangsaku kabèh iki.

Petruk: Yah, kowe kuwi le ora mèmpêr. Iya mêsthi orane, Kang Garèng. Kiraku bangsaku sing padha manggon ana ing kutha sing gêdhe-gêdhe akèh-akèhe iya 1% saka cacahe bangsaku kabèh.

Garèng: Cacahe bangsaku kuwi jarene gunggung kumpul kurang luwih ana 6.000.000 uwong. Cacah

--- 1320 ---

sêmono kuwi miturut omongmu akèh-akèhe sing padha manggon ing kutha sing gêdhe-gêdhe mung 1%, dadi akèh-akèhe iya mung ana wong 60.000, turahane ana ing sajabane kutha-kutha. Miturut kandhamu dhèk mau, wong-wong bangsane dhewe sing dumunung ana ing kutha kang gêdhe-gêdhe, yaiku sing akèh-akèhe mung 1% saka cacahe bangsaku kabèh, mèh kêna diarani, yèn lara, ora bakal kapiran mungguhing pitulungan dhoktêr, nanging sing 99%, iya sing cacahe sahohah ora karuwan, malah kêna diunèkake isih ayêm bangêt, sabab sing akèh wêruhe mênyang dhoktêr kuwi, dudu tukang nambani wong lara, nanging tukang ambêdhèl wêtêng. Mulane kamigilane karo dhoktêr kuwi, nganti yèn krungu: ndara dhoktêr arêp rawuh, anggone turu sok bisa tindhihên.

Petruk: Ora, Kang Garèng, aku arêp takon dhisik, ana wong wêdi karo dhoktêr, têka kok unèkake ayêm kuwi kêpriye.

Garèng: Lo, kuwi padhane mangkene, Truk. Nalikane aku isih manggon ana ing desa durung tau wêruh wayang wong, gambar idhup, sêtambul, lan sapadhane, atiku ayêm ajêgan, ora tau kêpengin nonton kiyi, nonton kae. Nanging saiki, krungu bêndhe sing marak-marakake, wayang wong lakone: Mustakawèni, utawa gambar idhup lakon: Tomik, atine iya banjur ora karuwan, awake anyês kabèh. Mêngkono uga nalika aku durung wêruh mungguh kapintêrane dhoktêr, kuwi yèn banjur lara, iya ora samar ora sèmèr, sarta atine iya ora ngêdhap ora barang. Nanging saikine, lara mulês sathithik, wêdine kaya rumasa wis dicêdhaki Kirun wa Nakirun, sabab kuwatire: iki mêngko gèk mas agus kolerah. Lara watuk iya wis dhêg-dhêgan rèntèng, gagasane: mêngko iki gèk lara tai basu. Bisane ayêm kuwi yèn banjur wis kêrawuhan bêndara dhoktêr. Mara, apa ora luwih ayêm sing dadi wong desa sing durung tau krungu yèn ing dunya kuwi ana bangsane: ndara dhoktêr.

Petruk: Panêmumu kang mangkono iku ambuktèkake cupêting budimu, Kang Garèng. Awit wong urip kuwi kudu mêruhi jamane. Ing jaman saiki, saupama bangsaku banjur miturut uripe cara ing jaman kuna, e, rak iya sida kalakon tumpês bangsaku kiyi. Mulane aku iya tansah ambênêrake, dene nagara tanpa kêndhat anggone gawe propagandhah ing bab ngèlmu kadhoktêran, supaya para kawulane kabèh tumuli padha ngrêti mungguh paedahe, kang gêgayutan karo kaslamêtane.

Garèng: Aku ngandêl, Truk, yèn krêsaning nagara mau mula iya bêcik. Nanging upamane bae mangkene: kowe mubêng desa milang kori prêlu mropagandhakake gaweane bojomu: pêtis urang upamane: rasane: enak, gurih, sêdhêp, gandêm, kang anjalari banjur atusan uwong padha ambutuhake pêtis gaweane bojomu mau, nanging, êmbuh jalaran bojomu kurang pawitan, êmbuh kapriye, ora bisa nglêgani akèhing uwong sing padha anjaluk pêtis mau. Hara, kiyi apa ora mung mangkêlake lan gawe munêg-munêging rêmpêlu bae.

--- 1321 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKI.

Sêrat kabar pulisi. Sawatawis dintên malih, golongan pulisi ing Sêmarang badhe ngêdalakên sêrat kabar pulisi. Sêrat wau badhe tumrap provincie Jawi Kilèn, Têngah tuwin Wetan. Isinipun ing bab babagan kabêtahaning pulisi punapadene ing bab babagan madosi tiyang, barang-barang tuwin sanès-sanèsipun. Sadaya wau kaangkah sagêdipun sumêbar ing golongan pulisi.

Papan anggêgana risak. Kawartosakên, jalaran saking sangêting bêntèr, papan anggêgana ing Darmo, Surabaya, sitinipun wontên ingkang sami nêla, ngantos botên kenging kangge mandhap motor mabur. Makatên ugi papan anggêgana ing Andir, Bandung, sitinipun kathah ingkang rêngka. Ingkang sapunika supados andhaping motor mabur sami ngatos-atos.

Wulangan anggêgana. Paguyubaning pasinaon anggêgana ing Sêmarang anggadhahi panyuwun dhatêng pangagêng militèr, supados amaringi juru anggêgana militèr dhatêng Sêmarang, pêrlu kangge mulang. Ingkang mulang wau sabên sawulanipun badhe kasukanan pituwas f 20.-.

Expeditie. Kawartosakên, Dr. Bylmer pangajênging expeditie Nieuw Guinea sampun dumugi ing Mimika, ambêkta kanthi golongan ahli, pêrlu badhe nyinau dhatêng kawontênanipun bangsa bajang ing Mimika. Gezaghebber Van der groot tumut lampahing expeditie wau.

Tuwan Nitisêmito darma arta. Wontên pawartos, Tuwan Nitisêmito, raja krètèk ing Kudus, darma dhatêng siaran radio Indonesia ing Surakarta kathahipun f 14.000.-. supados kangge ngadani damêl studio.

Sêtya dhatêng praja. Kawartosakên, bangsa Ngabesi nama Jimmy Hembden, ingkang ngabdi wontên ing Kasunanan, Surakarta, pamit badhe wangsul dhatêng Ngabesi, pêrlu badhe ambelani nagari wutah rahipun.

Darmawisata W.A.N.I.T.O. ing Magêlang. Kala dintên Ngahad ping 12/14-'35 atas namaning pakêmpalan Wanito ing Magêlang, wontên priyantun 180 langkung kakung putri, 2 bus putri 4 bus kakung, sami kaparêng darmawisata ningali kraton Surakarta. Kuciwanipun dene ing ngriki botên kaparêngakên ngêmot mênggah angsal-angsalan tuwin kadospundi kawontênanipun nglêbêt kraton, ingkang agêngipun ngalêmbana utawi nacad. Mila namung sagêd martosakên mênggah lampah-lampahipun botên ketang satlêntik. Saking Magêlang pangkat jam 6.30 enjing, dumugi Surakarta jam 9.50, mlêbêt kraton Kasunanan jam 10.30 mêdal jam 11.30, têrus dhatêng Mangkunêgaran, mlêbêt jam 12 mêdal jam 12.45, lajêng dhatêng D.V. school, wontên ngriku kasugata unjukan lan pacitan, mêdal jam 1.45 mampir dhatêng Sriwêdari, jam 3.15 ngaso lan dhahar wontên ing Partinituin, jam 4 pangkat dhatêng Prambanan, namung sakêdhap, jam 6 wangsul dumugi Magêlang jam 8 dalu lajêng bibaran kanthi wilujêng. Ingkang makatên wau, yèn nitik kathahing priyantun ingkang sami darmawisata, nandhakakên bilih sadhèrèk kula Jawi ingkang wiwit gombak dumugi kuncung pancèn dèrèng nate babar pisan sami nyumêrêpi pundi dunungipun para luhur ingkang mêngkoni tanah lair wutah rah kula sadaya. Mila pamuji kula ingkang dèrèng nate priksa, kêrsaa sami mêrlokakên, mumpung taksih sami pinaringan sugêng. K.1909.

[Grafik]

Tamu agung ing pabrik blèg Blima. Ing Kajawèn mêntas ngêwrat pawartos tuwin gambar pabrik blèg Blima kagunganipun K.R.M.T. Widaningrat ing Surakarta. Sampun sawatawis dintên pabrik wau dipun rawuhi ing panjênênganipun Tuwan Gupêrnur Surakarta, pêrlu mriksani kawontênanipun ingriku. Kados ingkang kacêtha ing gambar.

Pambikakipun Museum Java Instituut. Museum Java Instituut ing Ngayogya saèstu badhe kabikak wontên tanggal 1 November ngajêng punika. Ingkang badhe murwani mêdhar sabda, pangarsa Java Instituut Prof. Dr. R.A. Husein Jayadiningrat. Sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan inggih badhe mêdhar sabda. Dr. F.D.K. Bosch sêsorah ing bab babagan Museum ingh tanah ngriki. Lajêng mubêng-mubêng mriksani museum, lajêng lêlênggahan mriksani bêksan srimpi sumbangan saking Pakualaman. Kajawi punika taksih wontên paargyan sanès-sanèsipun malih.

Candhi Sosrokusuman. Ingajêng sampun nate kawartosakên, ing sacêlakipun kuburan ing Sosrokusuman, Ngayogya, pinanggih wontên candhinipun. Ing sapunika candhi wau sampun wiwit kadhudhuk. Ingriku cêtha candhi wau ingkang saperangan manggèn sangandhapipun kuburan.

Kawontênan têdha ing Gunungkidul. Sampun sawatawis dintên mêntas wontên papriksan bab kawontênaning têdha ing Gunungkidul, Ngayogya, kawontênanipun pinanggih sae. Pamêdal

--- 1322 ---

gaplèk ing mangsa punika majêng, kintên-kintên wontên 180.000 pikul, kathah bangsa Tionghoa ingkang sami tumbas. Wêdaling gaplèk saking Gunungkidul ing sabên wulan ngantos 15.000 pikul, punika ingkang têrang. Ingkang makatên punika pêrlu dados wawasan, awit kathahing gaplèk sagêd ugi têlas, jalaran têtiyangipun sami ambêtahakên arta.

Pakêmpalan Tionghoa nyaruwe. Pakêmpalaning bangsa Tionghoa ing Surabaya mêntas ngawontênakên protesvergadering, pêrlu kangge ambelani dhatêng bangsa Tionghoa ing Bangil tuwin Pasuruan ingkang kadakwa nyolong arta ingkang nyatanipun botên. Wontên pakêmpalan 34 ingkang tumut ambelani. Salajêngipun badhe macak atur dhatêng Gupêrnur Jawi Wetan, supados bab punika dipun priksa malih ingkang titi. Kajawi punika ugi suka sumêrêp dhatêng warga Raad Kawula bangsa Tionghoa.

S.C.S. Badhe ngandhapakên prabeya. Wontên pawartos, benjing tanggal 1 November ngajêng punika, S.C.S. badhe ngawontênakên tatanan prabeya enggal. Prabeya wau badhe langkung mirah, tuwin ngawontênakên karcis wongsal-wangsul.

Kêbêsmèn wana ing Bali. Jalaran saking danguning mangsa têrangan, ing Bali ugi wontên wana kêbêsmèn kalêrês wana sadhian ing rêdi Agung. Wana ingkang kêbêsmi sadaya wontên 200 ha. Salajêngipun latu kenging kasirêp.

Sudaning kabudidayan kopi ing Jawi Wetan. Miturut kawontênan, pamêdal kopi kabudidayan sawatawis ing Jawi Wetan, pinanggih saya suda, jalaran saking kiranging jawah utawi kathah angin. Mangka rêrêgèning kopi kenging dipun wastani kapara suda. Ingkang punika anjalari kabudidayan-kabudidayan kopi badhe katutup. Kintên-kintên benjing taun 1936 pamêdal kopi ing tanah ngriki, ingkang petangipun wontên 7 prêsèning pamêdal kopi ing donya, botên sagêd ngêdali kados adat. Makatên ugi tumrap Jawi Têngah, pamêdalipun inggih botên sae. Nanging botên wontên pawartos badhe katutup.

Inggah-inggahan. M. Tejomartoyo, aib. fd. mantri pulisi ing Kabumèn, Paresidhenan Kêdu, dados asistèn wêdana Paresidhenan Banyumas. R. Sukarno, ambtenaar wachgeld, rumiyin asistèn wêdana Kejobong, Distrik Bukateja, Kabupatèn Purbolinggo, Paresidhenan Banyumas, dados tijd. wd. regentschapssecretaris 2e klas ing Banjarnêgara. Sami kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Têngah.

R. Mohamad Jamal, ugi nama Kusumoatmojo, asistèn wêdana Paresidhenan Madura, dados adjunct jaksa Landraad 1e klas ing Bondowoso, Paresidhenan Bêsuki. M. Suradi, asistèn wêdana Paresidhenan Surabaya, dados jaksa Landraad ing Mojokêrto, Paresidhenan Surabaya. R. Sunarto, ugi nama Sunartihadiwijoyo, asistèn wêdana Paresidhenan Madura, dados adjunct jaksa Landraad 1e klas ing Bondowoso, Paresidhenan Bêsuki. R. Ario Abdurachman, aib. mantri Kabupatèn Sumênêp, dados tijd. wd. asistèn wêdana Paresidhenan Madura. R. Mohamad Chajin, ugi nama R. Cokrokusumo, aib. mantri pulisi Paresidhenan Surabaya, dados tijd. wd. asistèn wêdana Paresidhenan Surabaya sami kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Wetan.

Paguyuban andandosi sêpeda. Para juru andandosi sêpeda ing Surakarta sami anggêlêng damêl paguyuban awarni kadosdene cooperatie, manawi tumbas pirantos sêsarêngan, supados angsal mirah. Kajawi punika ugi badhe ngêdêgakên toko ingkang namung sade prabot-prabot sêpeda.

Kaluwaran saking sêrêgan. Ing bab prakawisipun wêdana pènsiun ing Kranggan, ingkang kadakwa nyalingkuhakên arta, sampun rampung pamriksanipun. Officier Justitie nyuwunakên luwar saking ukuman, amargi kêkirangan bukti.

Zeppelin badhe dhatêng tanah Jawi. Kawartosakên, benjing wêkasaning wulan November ngajêng, kapal mabur "Gfaf Zeppelin" badhe anggêgana minangka cobèn-cobèn, saking nagari Walandi dhatêng tanah ngriki. Manawi sagêd, saking tanah Jawi dhatêng Australie.

Kenging ngêdêgakên pabrik karèt piyambak. Kawrat kêkancingan saking gupêrmèn, amaringi palilah dhatêng Ratoeseboeai Jayataruna, ing Merak Batin, Lampung, ngêdêgakên pabrik kangge olah karèt saha kadagang piyambak. Palilah punika awêwaton Rubberbereidingsordonnantie, pabrik wau manggèn ing kampung Bumiagung, afdeeling Kotabumi, Paresidhenan Lampung.

Papriksan wulu pamêdal. Ir. Tan Sin Houw ingkang kapiji dhatêng parentah mriksa kawontênaning pamêdal ing Lombok tuwin Selebes kidul, sampun wangsul. Pikantuking papriksan, tumindaking damêl ing bab babagan uwos pinanggih manut gagrag enggal. Panyadenipun sagêd angsal pêkên sae ing tanah Jawi tuwin sabrang. Wos ing Lombok badhe sagêd saya misuwur. Tumrap Selebes kidul tumindakipun inggih sae, miturut tatanan rêrêgènipun Gupêrnur Caron. Ing salajêngipun tumrap Selebes sagêd saya dipun ajêngakên.

Panggilingan pantun tiyang siti. Wontên pawartos, ing bawah Surakarta badhe wontên ingkang ngêdêgakên panggilingan pantun, sadaya saking ada-adanipun tiyang siti, pawitan dasanan ewon. Ingkang anggadhahi ada-ada wau bangsa agêng dipun biyantu bangsa sugih. Mênggahing nalar, babagan punika badhe kathah kalampahanipun.

Nyaèkakên menda. Sampun dangu parentah ngudi saening turuning menda, kanthi ngawontênakên menda saking tanah ngamanca. Ing sapunika taksih wontên 160 ingkang kangge cobèn-cobèn. Kajawi punika ing Cirêbon wontên 120 asli saking Garut. Manawi pêrlu badhe dipun jêmbarakên têbanipun. Salajêngipun badhe tumbas menda jalêr 50, pêrlu kangge nyaèkakên menda ing Palembang.

Pindhahan punggawa S.S. Sampun kalampahan wontên punggawa S.S. ing Bandung cacah 225 dhatêng Bêtawi. ing sadèrèngipun punika sampun wontên ingkang kapindhah rumiyin cacah 80, sami punggawa tiyang siti. Ing salajêngipun mindhahi punggawa bangsa Eropah. Kintên-kintên wontên gêrbong barang cacah 800 ingkang maligi kangge ngusungi barang-barangipun punggawa ingkang sami pindhah wau. Pindhahan wau sagêd nyuda ing bab sewan griya, amargi wontênipun ing Bandung, kantor Exploitatie ingkang kapindhah punika nyewa griya, sarêng wontên ing Bêtawi manggèn ing station Bêtawi tuwin Tanjungpriok.

Pest rajakaya. Ing wêkdal punika ing Indo China tuwuh sêsakit pest rajakaya. Ingkang punika tumrap Singapura dipun wontêni tatanan kêncêng ing bab dhatênging rajakaya tuwin mindhah momotan rajakaya. Ing bab punika tumraping tanah ngriki sagêd ngajêngakên dagangan rajakaya wontên Singapura.

NAGARI WALANDI.

Panulak gas. Sêrat kabar "De Standaard" ing Den Haag martosakên, wontên tiyang ahli ngèlmu pamisah kêkalih, sagêd amanggihakên pirantos ingkang kenging kangge sandhangan, ingkang botên sagêd kalêbêtan gas mawa racun ingkang dipun pigunakakên ing mangsa pêrangan.

Botên purun nampèni wêlingan. Pabrik sêpatu Robinson ing nagari Walandi tampi wêlingan sêpatu saking Italie cacah 500.000 pasang. Nanging wêlingan wau botên dipun tampèni, amargi ajrih manawi kèmbèt punapa-punapa.

--- 1323 ---

Wêwaosan

Wangsulipun Tarsan.

Piridan saking buku karanganipun Tuwan Edgar Rice Burroughs.

45

XXI.

Samangke amangsuli cariyos lêlampahanipun Sang Kleton, Nonah Jinê tuwin Rokop alias Turan ingkang sami wontên ing sêkoci kampul-kampul ing sanginggiling sagantên. Ing kala punika Sang Kleton taksih tilêm anyupêna angunjuk toya bêning, raosipun asrêp atuntung lêgi. Kanthi kagèt Sang Kleton ujug-ujug èngêt ngalilir saking anggènipun kantu, nyumêrêpi, bilih badanipun sakojur têlês ing toya jawah, lan rainipun ingkang taksih tumênga manginggil. Ing kala punika jawahipun mila dêrês sangêt. Kleton lajêng amêngakakên cangkêmipun anadhahi toya jawah kaombe. Sanalika punika piyambakipun rumaos gêsang malih saha wangsul kêkiyatanipun, ingkang anjalari sagêd linggih kanthi pitulunganing tanganipun ingkang dipun sêduwakakên. Turan katingal mêngkurêb wontên sanginggiling pupunipun Kleton ingkang sumalonjor, dene antawisipun kalih pêcak saking ngriku, Nonah Jinê katingal gumlethak botên ebah-ebah, kadosdene sampun pêjah. Amila gagasanipun Kleton botên sanès, bilih Nonah Jinê punika tamtu sampun pêjah.

Kanthi rêkaos sangêt anggènipun Sang Kleton nguwalakên Turan saking anggèning ngungkêb-ungkêb wontên ing sukunipun wau. Lan sasampunipun sagêd uwal, piyambakipun lajêng amurugi Nonah Jinê. Sirahipun Nonah Jinê ingkang namung gumlethak wontên ing blabag ingkang atos, nuntên kajunjung kadhêngakakên, sarta dipun tingali punapa kintên-kintên taksih gêsang. Sanadyan badanipun Nonah Jinê sampun katingal kantun balung lan kulit kemawon, ewasamantên Kleton tansah gadhah pangajêng-ajêng gêsangipun. Kleton lajêng mêndhêt kacunipun, kaêclupakên ing toya, tuwin lajêng kaêpuh kaombèkakên dhatêng Nonah Jinê, ingkang gorokanipun sampun garing babar pisan.

Ing sakawit botên wontên titikipun bilih taksih gêsang, nanging dangu-dangu maripatipun ingkang mêrêm katingal ebah-ebah. Kleton lajêng ngêlus-êlus tanganipun Nonah Jinê kalihan ngombèkakên toya malih. Nonah Jinê lajêng ngêlèkakên mripatipun, sarta mandêng dhatêng Kleton ngantos sawatawis dangu, sadèrèngipun piyambakipun kèmutan wontên ing pundi ing wêkdal punika.

Nonah Jinê wicantên bisik-bisik: Nyuwun toyanipun malih, punapa kula sadaya samangke angsal pitulungan.

Kleton lajêng suka katêrangan makatên: Samangke jawah. Dados kula sadaya samin sagêd ngombe. Jalaran saking jawah punika, kula sadaya sagêd gêsang malih.

Nonah Jinê apitakèn: Kadospundi kawontênanipun Tuwan Turan. Punapa piyambakipun botên saèstu mêjahi panjênêngan. Lan punapa piyambakipun taksih gêsang.

Kleton amangsuli: Kula botên mangrêtos, punapa piyambakipun taksih gêsang, utawi punapa jalaran saking jawah piyambakipun sagêd èngêt malih. Ing ngriku ujug-ujug Kleton kèndêl wicantênipun, sabab lajêng kèngêtan, bilih nonah wau mêntas amanoni lêlampahan ingkang anggirisakên manah, manawi kalajêngakên anggèning nyariyosakên ing bab Turan, kuwatos manawi adamêl kambuhing manahipun malih.

Nanging Nonah Jinê mangrêtos dhatêng ingkang dados wêwadosipun Kleton, saha lajêng apitakèn: Wontên pundi piyambakipun ing samangke.

Kleton namung manthuk anêdahakên dununging Rokop gumlethak. Sasampunipun punika ngantos dangu kèndêl botên wawan ginêm.

Ing wusana Kleton lajêng awicantên makatên: Cobi kula upakaranipun, bokmanawi sagêd èngêt saking anggènipun kapidhara punika.

Kanthi nyêpêngi tanganipun Kleton, Nonah Jinê awicantên bisik-bisik: Sampun, sampun, sabab bilih piyambakipun ing mangke sagêd èngêt saha wangsul kêkiyatanipun malih, botên wande têmtu badhe amêjahi panjênêngan. Manawi piyambakipun pancèn sampun badhe pêjah, inggih sampun kajêngipun kemawon. Kula mugi sampun ngantos dipun tilar piyambakan kemawon namung kalihan kewan punika.

Kleton mandhêg mangu. Awit, manawi miturut kasatriyanipun piyambakipun kêdah nyobi ngihtiari murih gêsangipun Rokop alias Turan malih. Nanging piyambakipun sampun anggadhahi pangintên bilih Turan botên kenging dipun kukup malih. Salêbêting manahipun apradondi piyambakan, saha tansah nyawang dhatêng badanipun Rokop, dumadakan lajêng andêngongok ningali ing katêbihan. Sakala punika kanthi bingahing manah piyambakipun lajêng ngadêg saha wicantên sora: Lo, punika wontên dharatan katingal. Ah, bêgja sangêt.

Nonah Jinê ugi lajêng aningali saha sumêrêp ing dharatan wau, ingkang têbihipun saking ngriku kirang langkung watawis kalih atus pêcak, lan ing dharatan ngriku katingal wontên wananipun.

Nonah Jinê lajêng wicantên: Samangke panjênêngan kenging manawi ba- [ba...]

--- 1324 ---

[...-] dhe ngupakara Tuwan Turan. Mênggah sajatosipun, ing kala punika Nonah Jinê rumaos dosa dene angalang-alangi kajêngipun, Kleton anggèning badhe amitulungi Turan alias Rokop wau.

Sasampunipun kalampahan dipun pitulungi dening Kleton, ngantos satêngah jam dangunipun, Turan sawêg sagêd ngêlèkakên mripatipun. Ewasamantên mêksa taksih ngantos sawatawis dangu malih èngêtipun Turan, bilih ing wêkdal punika manggih kabêgjan ingkang agêng. Ing wusana sumêrêp-sumêrêp baitanipun sampun notog ing dharatan.

Awit saking dayanipun toya ingkang sêgêr, punapa malih tuwuhing pangajêng-ajêng enggal, Kleton rumaos wangsul kêkiyatanipun malih, mandhap saking baita nyabrang toya ingkang cêthèk sarta ambêkta tangsul minggah ing dharatan. Tangsul wau kaubêtakên ing wit-witan, katangsulakên kêncêng kangge angêrut baitanipun, jalaran ing kala samantên toyaning sagantên sawêg pinuju êrob, amila dipun kuwatosakên, bokmanawi baitanipun ing mangke kentir katut ing alun, langkung malih têmtu badhe langkung rêkaos anggèning mitulungi Nonah Jinê dhatêng dharatan.

Salajêngipun kanthi brangkangan, Kleton sagêd lumêbêt ing wana ngriku, ingkang kinintên têmtu kathah wowohan wana ingkang kenging katêdha. Kala rumiyin Sang Kleton sampun nate ngambah wana asêsarêngan kalihan Tarsan, amila inggih mangrêtos pundi wowohan ingkang kenging katêdha ing tiyang utawi botên. Antawis sajam dangunipun anggèning lumêbêt ing wana, Kleton sampun wangsul dhatêng pinggir sagantên malih kalihan ambêkta wowohan kathah.

Ing kala punika jawahipun sampun têrang, nanging lajêng kagêntos hawa ingkang bêntèr sangêt dening sêsoroting srêngenge. Satêmah Nonah Jinê kêpingin sangêt enggal-enggal minggah ing dharatan tumuntên. Ing wusana jalaran saking dayaning têtêdhan bêktanipun Kleton wau, tiyang têtiga lajêng sagêd mêntas ing dharatan saha nuntên sami kèndêl ngeyub wontên ing sangandhaping wit-witan ingkang kangge nancang baitanipun. Saking kasoking badan tiga-tiganipun lajêng sami tilêman ing siti saha lajêng têrus sami tilêm ngantos dumugi ing wanci pêtêng.

Sawulan laminipun tiyang têtiga wau sami gêsang wontên ing gisiking sagantên ngriku kanthi wilujêng tanpa sambekala. Sarêng tiyang têtiga wau sampun wangsul malih kêkiyatanipun, Kleton lan Turan lajêng adamêl panggenan pandhêlikan wontên ing sanginggiling wit-witan agêng, prêlunipun sampun ngantos kaaru biru ing sato wana ingkang galak. Manawi ing wanci siyang sami ngupados wowohan sinambi ambêbujêng kewan ingkang alit-alit, manawi dalu sami tilêm minggah dhatêng papan pandhêlikanipun, lan tansah mirêng suwaraning sato galak ingkang agêng-agêng, ingkang sami saba ing dalu sarta ingkang adamêl girising manah.

Tiga-tiganipun sami tilêm akasuran rumput. Dene ingkang kasuripun mawi lèmèk namung Nonah Jinê piyambak, inggih punika mantêlipun Kleton lami, ingkang kantun wontên ing sêtatsiun ing Wiskonsin rumiyin. Kleton adamêl pagêr saking pang-panging kajêng alit-alit tinata rapêt, ingkang anjalari papan pandhêlikanipun wau awujud kamaran kalih, ingkang satunggal kangge Nonah Jinê, satunggalipun kangge awakipun piyambak kalihan Turan alias Rokop.

Saplok sami dêdunung wontên ing ngriku, Rokop ngatingalakên nisthaning bêbudènipun, inggih punika: namung mikir awakipun piyambak, kasar, angkuh, jirihan, rêmên nguja hawa napsu lan sapanunggilanipun. Sampun kaping kalih Turan bêkênêngan kalihan Kleton, jalaran dipun emutakên anggèning badhe tumindak kirang lêrês tumrap dhatêng Nonah Jinê. Jalaran saking punika Kleton lajêng botên wani nilar Nonah Jinê piyambakan. Gêsangipun Kleton tuwin Nonah Jinê wontên ing ngriku punika saèstu nalôngsa sangêt, ewasamantên pangajêng-ajêngipun badhe sagêd angsal pitulungan tanpa kêndhat.

Nonah Jinê kêrêp sangêt kèmutan lêlampahanipun nalika ngambah wontên ing wana ing sapinggiring sagantên kala rumiyin. Saupami ingkang dipun anggêp dewaning wana dèrèng tilar donya sarta lajêng angêmpali Nonah Jinê wontên ing ngriku, Nonah Jinê botên badhe rumaos ajrih dhatêng pangridhuning sato galak ing wana, tuwin botên badhe ngêdhap dhatêng panganiayanipun Turan ingkang apangawak kewan punika. Nyumêrêpi anggèning Kleton tansah angrêksa piyambakipun, tanpa kajarag Nonah Jinê tuwuh gagasanipun, kados punapa saupami Turan gadhah tindak dêksura makatên wau, kasumêrêpan dening Tarsan bôngsa wanara. Satunggiling dintên, nalika Kleton kalêrês mêndhêt toya dhatêng lèpèn, sarta Turan nindakakên patrap ingkang botên prayogi dhatêng Nonah Jinê, dumadakan Nonah Jinê lajêng kawêdal têmbungipun makatên:

Tumrapipun panjênêngan mila prayogi, namung rahayunipun, têka Tuwan Tarsan ingkang dhawah saking kapal ingkang dipun tumpaki dening Nonah Sêtrong tuwin panjênêngan ing samangke botên wontên ing ngriki.

Wangsulanipun Turan sêmu ngece: E, punapa panjênêngan sampun têpang kalihan babi punika.

Nonah Jinê: Inggih, kula têpang. Lan mênggahing rumaos kula, inggih namung piyambakipun punika satunggaling tiyang jalêr saèstu ingkang prawira.

Jalaran saking têmbungipun Nonah Jinê ingkang makatên wau, Turan lajêng sagêd anggagapi, bilih Nonah Jinê punika kalihan Tarsan botên ngêmungakên têpangan sae limrah kemawon, nanging têmtu anggadhahi buntêlan katrêsnan ingkang lêbêt. Jalaran saking sêngitipun dhatêng Tarsan ingkang kinintên sampun pêjah wau, Turan samangke nêdya ngodhal-adhul namanipun, saha lajêng wicantên kanthi sora makatên: Tarsan punika nglangkungi babi. Piyambakipun punika satunggaling bajingan ingkang jirihan. Badhe kasambêtan.

--- 161 ---

Nomêr 41, taun V.

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu.

Ulah raga Wadon

Ing jamane saiki ulah raga iku ora mung tinêmu ana ing golongan lanang, sanadyan golongan wadon iya padha bae, kang beda mung anggone matrapake ulah raga, piranti lan lakune beda.

Panah iku lumrahe dadi praboting wong lanang, yèn dhèk biyèn dadi piranti gêgamaning pêrang, nanging tumrape saiki mung kanggo ulah kasênêngan. Dene tinêmune ing tanah Eropah, ing saikine kêgolong kanggo piranti ulah raga para lanang.

Naging suwe-suwe uga dadi pirantine ulah raga wadon. Kang kacêtha ing gambar sawênèhing wanita Eropah jênêng Janina Kurkouska kang mêntas ngêlurug panahan mênyang Brussel sarta tinêmu unggul dhewe, kasêbut dadi têtungguling panahan ing satanah Eropah.

[Grafik]

Yèn mirit dêdongengan Jawa, biyèn mula ing bab panahan iku iya uwis ditindakake dening golongan wadon, kaya ta Dèwi Wara Srikandhi lan Larasati.

Bab mau ing saiki ora kêlumrah. Nanging kira-kira iya bakal thukul manèh.

--- 162 ---

Mitra kang Sêtya

Ana kidang mêmitran karo jarapah, padha manggon ana ing kandhang sajroning kêbonraja. Ing dhisike kewan loro mau ora rukun, awit kêgawa saka seje bôngsa. Nanging suwe-suwe kewan loro mau padha rumasa manggon ana sajroning kandhang kang luwih rupêk, ora kêna kanggo sêsongaran anggone arêp ngetokake kaluwihane.

[Grafik]

Môngka mungguhing kidang, iku duwe umbak dhêmên ngetokake anggone pintêr mlumpat, awake dhewe nganti diupamakake thathit. Dene si jarapah, ngetokake anggone dhuwur, nganti ngrumasani kaya bisa ngranggèh lintang. Mung nyatane, kewan mau barêng manggon ing kandhang, padha ilang kuwasane.

Barêng rumasa apês, banjur padha gêlêm rukun, sabên dina tansah gunêman ing bab pêpasthène awake.

Kidang kôndha: Ing sadurunge aku ana kene, aku yèn malumpat bisa ngungkuli gêgêrmu kuwi. Nanging saiki, bisaku mung anjrunthul.

Jarapah: Witikna aku, dhèk biyèn, yèn aku mangan wowohan mung tak iras ana ing uwit, rasane sêgêr sumyah, saka durung kêgêpok ing tangan uwong. Balik saiki, dawaning guluku ora kêna tak pigunakake mangkono. Bisane mung kêna tak tiyungake kanggo gunêman karo kowe.

Kidang: Iku padha ora kêna digêtuni, kabèh bêcik ditanjakake dadi piwêlèh, prêlune supaya aku lan kowe aja padha ngêgungake kagunan. Wis ayo padha rukun bae.

Jarapah banjur nêlungake gulune andilat-dilat kidang karo calathu lirih: Satêmêne pangemaning manungsa mênyang sato kewan, iku wis kêna kanggo puwungan, tinimbang ora kopèn.

Kewan loro mau banjur padha rukun kanthi sênênging ati.

--- 163 ---

Bungah-bungahing Bocah

Ambêbungah bocah iku kêna diarani gampang, awit mungguhing bocah, lumrahe padha anduwèni watak bungahan.

Bungahing bocah iku ana kang jalaran saka arêp dijak dolan, ana kang arêp dijak nênonton, ana kang arêp dijak mangan enak lan liya-liyane.

Samôngsa ana bocah arêp dijak mangkono, ing sadurunge kalakon wis tansah diimpi-impi anggagas anggone bakal anglakoni bungah-bungah mau. Mêsthine sapa bae kang wis tau nglakoni dadi bocah, banjur bisa ngrasakake lan duwe têpa.

Bocah kang arêp dijak bungah-bungah, tansah ngentha-entha apa kang bakal dilakoni. Upama arêp dijak nunggang sêpur, banjur anggagas kapriye besuk anane sajêrone sêpur, arêp ngarah linggih ana pinggir, awit yèn linggih ana pinggir, bisa wêruh kaanane ing jaba ing sauruting dalan sêpur. Gagasan mangkono mau tansah diwujud-wujudake. Mangkono sapanunggalane.

Ing kene ngandhakake ana golonganing bocah sêkolah tômpa warta, bakal ana rame-rame ambêbungah bocah, nganggo tontonan utawa bangsaning dolanan kang ambungahake. Ing kono ana patrap ambêbungah arupa dhadhung dipênthang, dhadhung mau digandhuli panganan, sabên bocah kêna mangan, nanging panjupuke kudu mung sarana dicakot.

Ana bocah kang duwe gagasan, patrap mangkono mau mêsthi gampang bangêt, lan bakal kalakon mangan sakatoge.

Gagasan kang mangkono iku pancèn mèmpêr, nanging tinêmune, barêng bocah mau mara arêp nyakot panganan, ora gampang, sabên tali têmèmpèl lambe kêpêksa oncad dening kêsondhol patraping bocah liya kang duwe sêdya kaya mangkono.

[Grafik]

Wusana mung dadi gêguyoning wong akèh, nanging padha sênêng. Cêthane nontona gambar.

--- 164 ---

Ala Winalês Bêcik

VI

[Durma]

Môngka nyata pangeran katêlu pisan / sadulur bêcik apik / kang tuwa kuwasa / kang anom wis narima / ora duwe salah pikir / jêbule ana / pikiran kang muthakil //

pangran loro wis padha saguh samayan / nêdya agêlar bêcik / mung supaya aja / ing tindake katara / wusana bubaran nuli / ngêntèni dina / kang arêp go nglakoni //

kacarita Pangeran Wragil kang oncat / tansah anolah-nolih / ing panggalih samar / yèn diburu kang raka / barêng ora ditututi / pangeran bungah / rada ayêm ing galih //

nuli kondur mênyang dalêm kasatriyan / ketok bangêt prihatin / ora karsa dhahar / banjur nyang pasarean / bangêt susahing panggalih / èngêt kang raka / nganti ngêtokke tangis.

3 Pangeran Wuragil dipaeka

[Mijil]

seje dina Pangeran Wuragil / lênggah dhêlog-dhêlog / mung diadhêp abdi kêkasihe / prênah paman ngiras angêmbani / jênênge Ngabèi / Wirapati patut //

Ki Ngabèi ing sêmu wis ngrêti / ananing lêlakon / mula tansah ngêgimur gustine / aja bangêt kêgagas ing galih / saupama sêrik / malah sèwu luput //

awit lumrah prênah anom kuwi / sok nêmu mangkono / dadi nyata ora aran anèh / sanalika Pangeran Wuragil / karaos ing galih / ngandika lan manthuk //

iya bapa aku kuwi ngrêti / kamas sakaloron / gone ora rêna ing galihe / ora liya êmung saka asih / bène aku ngrêti / mênyang bênêr luput //

pituturmu kabèh tak tampani / tinêmune maton / panuwunku muga salawase / bisa kuwat pikirku nampani / piwulang kang bêcik / aja nganti kisruh //

Ki Ngabèi ing lair ngaturi / narima ing batos / nanging batin bangêt murinane / eling saka ambelani gusti / tansah dicêcênggring / kadang-kadang sêpuh //

awit mungguh rasane ing ati / ora akon-akon / pangrasane kaya anak dhewe / nuli matur: makatên prayogi / nanging kêdah mawi / watês kang pikantuk //

saupami narimah salami / nama badhe awon / têbih dhatêng ucap ingkang sae / punapa ta inggih sae gusti / manawi ing galih / namung badhe nglunthung //

angandika Pangeran Wuragil / paman aja ngono / saupama aku nganti duwe / panggalihan kang anêdya wani / bakal dosa luwih / marang kadang sêpuh //

yèn satriya wajib kudu wani / nampani pakewoh / awit iku sanyatane kabèh / padha dadi pandhangiring ati / supaya nuntuni / aku paman luhur //

lawan manèh kang mangkono kuwi / jênêng ora elok / pasulayan lan sadulur dhewe / ora ana wong bisa malangi / saupama nganti / malangana: luput //

mung tumungkul Kyai Wirapati / batin ngontog-ontog / ing wusana kasaru rawuhe / pangran pati pasêmone manis / didhèrèkke rayi / Pangeran Panggulu //

isih adoh padha angèsêmi / sang pangeran loro / ketok bangêt patrap rumakête / ora ana tabêting sak sêrik / wise cakêt nuli / bêbarêngan ngrangkul // Bakal disambung.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 84, Rê Kli, 25 Rêjêp Jimakir 1866, 23 Oktobêr 1935, Taun X

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1325] ---

Ôngka 84, Rê Kli, 25 Rêjêb Jimakir 1866, 23 Oktobêr 1935, Taun X

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1,50 bayaran kasuwun rumiyin botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka ing sawingkinging kantor Palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Sanabudaya - Minggah ing Rêdi Lawu - Bab Kapal ing Tanah Jawi ingkang Misuwur - Pasulayanipun Itali kalihan Ngabêsi - Adpêrtènsi - Bab Padamêlan Tênun - Panggaotan Ngiras kasênêngan - Kabar Warni-warni - Wêwaosan.

Sanabudaya

[Grafik]

Gapura museum Sanabudaya ing Ngayogyakarta, dipun gambar ing wanci dalu.

--- 1326 ---

Darmawisata

Minggah ing Argadalêm (rêdi Lawu).

Sambêtipun kajawèn nomêr 83.

Dumugi ngriku lampahipun wiwit minggah ngancik sukuning rêdi Lawu ingkang têmbing lèr kilèn. Wanci sêrap dumugi dhusun Cêtha, lajêng sipêng griyanipun sêsêpuhing dhusun ngriku ingkang sinêbut kyai, nama Kyai Wôngsadimêja, inggih punika ingkang badhe mitulungi ngêtêrakên minggah. Wontên griya ngriku prikancanipun wêwah malih 28 dados tiyang 40, tiyangipun èstri wontên kalih sami sarayatipun, salong saking bawah Paresidhenan Madiun, tiyang samantên wau ingkang kathah nêdya ngalap barkah utawi tirakat, mila sangunipun kajawi têtêdhan sapêpakipun, ugi sami mirantos sajèn-sajèn kados ingkang sampun kajarwa ing nginggil. Sasampuning sipêng tigang dalu prêlu sami ngrakit bêbêktan, wanci bangun enjing lajêng sêsarêngan pangkat minggah.

Lampahipun anglangkungi gapura-gapura punapadene pagêr sungsun sap-sapan, kadugi wontên sap pitu, manggèn sacêlaking griyanipun Wôngsadimêja wau pintên-pintên ênggèn, nanging gapura sapanunggilanipun wau sampun awujud sala sadaya. Saking dêdongenganipun Kyai Wôngsadimêja, kacariyos punika patilasan pratapan ingkang nama pratapan Wukir Ratawu, kalihan pratapan Saptarêngga ing jaman purwa, dumugi ngriku marginipun saya minggah andêdêr, sakêdhap-sakêdhap lampahipun sami kèndêl ngaso sayah, nyambi ambakari pohung, ing ngriku dipun namakakên: srapah, saha karanipun: boga, tumuntên sami lumampah malih anglangkungi panggenan rêca-rêca kathah. Jam 4 sontên sawêg dumugi Argadalêm, ing ngriku kathah jawah ampuhan. Wontên bangsal sèng satunggal cêkap kadamêl ngeyup tiyang 40, nanging prasasat anggènipun linggihan utawi tilêman sami anjingkrung tumpang tindhih suk-sukan. Kacariyos bangsal wau ingkang ngiyasani parentah Mangkunagaran, jawahipun ampuhan saya santêr, tiyang-tiyang sami kamikêkêlên kêkês, samôngsa wicantênan sami mêdal kukusipun ing tutuk kumêlun. Sasêlaning jawah taksih padhang kintên-kintên jam 5 lajêng sami ngrukti sajèn, nuntên minggah sawatawis dumugi tilas karaton mawi gapura sarta regol utawi istha pagêr baluwarti sap-sapan tundha pitu. Dêdongenganipun kyai kacariyos punika patilasan kadhatonipun Kangjêng Sunan Kalijaga, nanging tilas tancêping dhatulaya namung wontên awujud griya alit kados cungkuping pasarean. Kacariyos punika rumiyinipun panggenan pasalatan. Ing nglêbêt têngah wontên palênggahan kados ambèn nanging awarni sela gilang. Nuntên minggah malih sawatawis, taksih tumut wêwêngkon Argadalêm, ing ngriku lajêng kèndêl anyajèkakên pirantos ingkang kabêkta wau jangkêp. Sasampuning dipun ujubakên dening kyai, saprangkat-saprangkat gêntos-gêntos, nuntên ingkang sami gadhah kajat sêsarêngan [sê...]

--- 1327 ---

[...sarêngan] sami ambêsmi dupa sarta mêcakakên punapa sêdyanipun piyambak-piyambak kanthi nyuwun pangèstu wilujêng. Dumugi samantên sampun wanci kêlangkung sêrap, tiyang sadaya sami lêrêm wangsul dhatêng bangsal sèng wau malih, nanging sadalu botên wontên ingkang sagêd tilêm, kajawi namung sami ngadhêp latu totor utawi bêdhiyan kemawon saking sami botên kuwawi asrêpipun, utawi sakêdhap-sakêdhap jawah ampuhan.

[Grafik]

Tiyang nuju dêdupa wontên ing Argadalêm.

Enggalipun sarêng byar enjing lajêng sami wangsul minggah ing panggenan nyajèkakên wau malih. Ing ngriku tiyang-tiyang sami ngubêngi sela agêng, namanipun: Sela Pundhutan. Sasampuning mubêng kaping pitu lajêng sami anglorod sajèn bêbêktanipun piyambak-piyambak wau nuntên sami dipun têdha. Rampung nêdha lajêng sami adus dhatêng sêndhang nama: sêndhang intên. Sampun ragi siyang lajêng pindhah panggenan malih anglangkungi griya loji komplit, kacariyos loji wau ingkang iyasa sarta ingkang gadhah bôngsa Walandi nama Tuwan Wintêr, ing wêkdal wau ing ngriku nuju kangge kèndêl ngaso dening tuwan-tuwan Walandi tiga, wangun-wangunipun inggih namung sami plêsiran kemawon. Nuntên dumugi sêndhang nama: sêndhang Si Bathok, tiyang-tiyang sami ngombe toyanipun, sarta mêndhêt sagêndul-sagêndul, prêlu kangge isarat palarisan, supados anggènipun bêbakulan utawi sêsadean sagêd laris, dumugi samantên sêlak sami botên kiyat saking aprêpipun,asrêpipun. sampun jam 2 lajêng sami sêsarêngan wangsul mandhap, sangunipun têtêdhan saking griya uwos, gêndhis tèh, kopi, têtêdhan warni-warni punapa barang bôngsa ombèn-èmbènombèn-ombèn. ingkang angêt-angêt, sami dipun angge nêdha samargi-margi.

Dumugi ing dhusun Cêtha anjujug griyanipun kyai malih. Sakêdhap lajêng sêsarêngan sami pangkat mantuk wangsul ing griyanipun piyambak-piyambak kanthi wilujêng ingkang pinanggih. Wasana bilih wontên ciciring pèngêtan wau sawatawis, nyuwun pangaksamanipun para maos.

P.K. 585.

Wara-wara

Ngaturi uninga, dintên punika Petruk botên mêdal, amargi sakit.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 692 ing Bumija. Tumrap kuwartal 4.

Lêngganan nomêr 1144 ing Ngrampal, ingkang sade Boekh. Visser Bt.-C. rêgi f 0.05.

Pawartos saking Rêdhaksi.

Wiwit dintên punika tuwin salajêngipun, Kajawèn ngêwrat wara-wara bab soklat Droste tuwin bêskuwit Verkade gontas-gantos. Mila sabên mêdal kula aturi mriksani bokmanawi wontên prêlunipun tumraping panjênêngan.

Lêngganan No. 101. Bab warisan, sadaya angsal.

--- 1328 ---

Bab Ingahan

Bab Kapal ing Tanah Jawi ingkang Misuwur.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 83.

Mênggahing rêraosan: kapal Kêdhu punika gambaripun sae, têgêsipun manawi dipun abah-abahi wônda ngêngrêng. Manawi pamêndhêting ukuran cara Eropah panêtêkipun saking ngiringan, lajêng kapara 3, kapêtha garis sipat gantung saking sirah, saking jalakan lan saking bokong. Yèn pinanggih godhaganipun sami inggih punika nama wônda sae. Ing basa Walandi dipun wastani: voorhand, middenhand en achterhand, pramila kula sêbut ing basa Walandi supados priksa tatananipun kemawon, dados samôngsa kêpranggul têmbung Walandi makatên wau lajêng mangrêtos. Lajêng kiyat, têgêsipun kangge minggah mandhap rêdi botên wêgah. Manawi kawruh kilenan pamriksanipun dhatêng suku, sukunipun dipun wastani: drooge beenen têgêsipun ing ugêl-ugêlipun botên ambêdhol (klêntêr), tracak sae, tracak ngajêng mayatipun 45[derajat], manawi ing wingking langkung sakêdhik kenging, utawi sanès-sanèsipun. Ananging lacuting ginêm kapal Kêdhu makatên sagêd anjogèt. Lah, kapal kasanjangakên sagêd anjogèt punika manawi têgêsipun: sagêd sirig sae. Dene kapal gampil kasirigakên punika tumrap pamanggih Jawi, ingkang angên-angênipun angkuh nanging ingkang jujur. Bab punika asring dados rêraosaning para priyantun ingkang rêmên dhatêng kapal, pramila kapal Kêdhu wau nyata wontên ingkang dados pêthinganipun.

[Grafik]

Kapal pambranahan ing Sumba.

Lajêngipun anyêlani atur, nama margawati wau sabab katêlah namaning kabuyutan, cêkakipun wontên rêdi alit, ing samangke dados pangenaning rajakaya ing dhusun têpis wiringipun. Ing pucaking rêdi wontên clowokan kados tabêting tracak kapal, punika mirid dêdongengan patilasan kapal sêmbrani. Kajawi punika wontên bêlik ing sacêlakipun patilasan ngriku, ingkang lajêng dipun anggêp pangombènipun kapal sêmbrani. Inggih rêdi pangenan rajakaya kawauwau. ingkang nama margawati, sarta kaprênah cakêt haltê Kêdhu.

Gantos cinariyos mirid ujar pabaratan, cariyosipun [ca...]

--- 1329 ---

[...riyosipun] tiyang, manawi wontên kapal èstri nêmbe kapacêkakên lajêng katuntun dhatêng bêlik puruna lajêng ngombe. Têmbe yèn mêdali tamtu sae, atêgês katitisan kapal sêmbrani.

Wasana mênggahing nyatanipun talatah ngriku punika têtanènipun sata, inggih sata ngriku punika ingkang misuwur nama sata Kêdhu punika. Rabukipun tanêman sata ngriku punika talethong kapal, pramila nalar-nalaripun têtiyang ngriku nêngênakên ngingah kapal wau, inggih lugu mamrih tlethongipun, dados sayêktosipun botên dhêdhasar ambranahakên kapal.

Kapal Priyangan, punika misuwur agêng inggil, namung cinacad angyèyèt, yèn miturut ing buku winastan hoogbeenig, inggih sabab asalipun kruising kapal sandêlan kapal Ostrali. Gampilipun kapal kruising ingkang jalêr-jalêr kapigunakakên kangge anggèrèt mriyêm, dene ingkang èstri utawi ingkang jalêr ingkang botên kangge lajêng kaparingakên dhatêng têtiyang dhusun. Dene tiyang ngriku ugi rêmên dhatêng ingah-ingahan kapal, kawontênanipun ugi gandhèng kalihan têtanèn ugi, kaot ing ngriku têtanènipun kênthang sabrang, punika inggih cocogipun rabuk talethong kapal.

Kajawi kapal-kapal golongan ingkang kasêbut wau, wontên golongan malih ingkang misuwur, ananging jinisipun alit-alit, inggih punika kapal Kuningan. Punika namung kangge dolanan, liripun kangge tumpakan, tarikan, ananing tumrap lare alit. Manawi kangge mêdamêl tamtu botên kaparêngakên nagari.

Sumadi, Pangarasan.

Pawartos saking Rêdhaksi.

Lêngganan No 527. Sintên ingkang nganggit pathokanipun nyêrat basa Jawi mawi aksara latin, rêdhaksi botên sumêrêp. Nanging sampun cêtha bilih panganggitipun sêrat wau miturut dhawuh saking dhêpartêmèn Ondêrwis. Dados ingkang sagêd mutusi pitakenan bab lêrês lêpating panyêrat, inggih dhêpartêmèn. Dene têmbung-têmbung ingkang panjênêngan takèkakên, miturut ingkang sampun kaêcakakên ing Bale Pustaka, kasêrat kados ing ngandhap punika:

Bokmanawa- bokmanawa,

Bok cilik- bok cilik,

Ing jêro omah- ing jêro omah,

Ing kulon omah- ing kulon omah.

Têmbung ing limrahipun botên kagandhèng, kados ta: ing wetan omah, ing buri omah, ing kulon omah, lan sapanunggilanipun. Têmbung ing ngarêp omah miturut tuladha ing pathokan kasêrat ingarep omah.

Rongatus- rongatus (miturut tuladha ing pathokan),
Anak bojo- anak-bojo,
Kiwa têngên- kiwa-têngên,
Ewadene- ewadene
Karodene- karodene.

Têmbung jamboran miturut pathokan kenging kasêrat dados satêmbung utawi tôndha panggandhèng.

Saking pamanggih kula têmbung jamboran, têmbung kalih kadadosakên satunggal, ingkang suraosipun inggih lajêng luluh dados satunggal, panyêratipun prayogi kagandhèng. Upaminipun: gandamaru, silihasih, dhegus, dhèmês lan sapanunggilanipun.

anggambar- anggambar (nggambar).
ambalang- ambalang (mbalang)
Kangge wiwitaning ukara:
Anggambar (Nggambar),
Ambalang (Mbalang).
anjawakake- anjawakake,
kêjawan- kêjawan,
dijawakake- dijawakake,
cara mlayune- cara mlayune,
dicara mlayokake- dicara mlayokake,
dicinakake- dicinakake, (tumrap krêtu lima).
Dipun- dipun, (botên kagandhèng).

Têmbung bok asring dipun ular dados: êmbok (êmbok) utawi ambok (ambok).

Miturut pathokan, têmbung êmbok utawi ambok dipun sêrat mbok, nanging upaminipun sêrat bok makatên kemawon saking pamanggih kula inggih sampun lêrês.

--- 1330 ---

Pawartos Sanès Praja

Pasulayanipun Itali kalihan Ngabêsi

Ing bab pasulayanipun Itali kalihan Ngabêsi, botên namung pasulayan wontên ing rêmbag kemawon, malah sampun kalampahan campuh sayêktos, anocogi kados pangintên ing sadèrèngipun. Makatên ugi inggih pinanggih nyata bilih pasulayanipun nagari kêkalih wau sagêd ambêbêkta utawi damêl ebahing nagari sanès.

Ing ngajêng sampun katingal sêsulakipun, bilih Inggris tuwin Prancis tansah cakêt angêmori lampah dhatêng babagan pasulayan punika, mênggah wosipun botên sanès namung badhe ngudi katêntrêman, ingkang ugi makolihakên dhatêng badanipun piyambak. Tuwin sarèhning kabêtahan ingkang kados makatên punika botên namung pinanggih wontên Inggris tuwin Prancis kemawon, katêmahanipun inggih lajêng kathah nagari-nagari sanès ingkang nimbrung lampah.

Mênggah kasantosanipun Ngabêsi, manawi kapiridakên kalihan kawontênaning dêdamêl Itali, pancèn botên tandhing. Nanging ugi mênang santosa tiyang tuwin balabagipun, kasantosaning tiyang utawi balabag, punika ugi kenging kangge ngiribi kasantosaning dêdamêlipun mêngsah. Malah mirid katrangan saking bôngsa Ngabêsi dhatêng bôngsa ngamônca, mratelakakên, tumraping paprangan, Ngabêsi badhe kuwawi nanggulangi ing salêbêtipun 12 dumugi 15 taun, saha ing diwasanipun, Ngabêsi tamtu badhe unggul ing pêrang. Ingkang makatên punika kenging kangge tôndha saksi, atêgês bilih Ngabêsi sugih wadyabala. Dene ing bab rukun, Ngabêsi pancèn sampun muntokakên tekad, botên nêdya ngunduri, manawi Itali botên ngundurakên wadyabalanipun saking ing watês.

Ing ngajêng sampun kacariyosakên, tumraping Itali tansah dipun angkah dening praja sanès, murih botên sagêd kalêbêtan daya saking jawi, inggih punika ing bab lêbêting lisah pèt. Ing sapunika Inggris ngusulakên pêpacuh sakalangkung kêncêng, angawisi sawarnining barang asli Itali dhatêng nagari sanès. Tindak makatên punika ing pangangkah supados dados pamênggak dhatêng trajangipun Itali ingkang sakalangkung wantêr punika.

Usulipun Inggris ingkang kados makatên wau ugi dipun sayogyani dening Swèdhên, Sopyèt Ruslan, Turki, Romêni tuwin nagari Walandi. Mênggah suraosing usulipun Inggris wau: para warganing Polkênbon kêdah ngawisi lêbêting sawarninipun barang-barang saking Itali utawi jajahanipun, kajawi ingkang awujud êmas wêtahan utawi arta. Ing bab awisan wau katindakakên kêncêng tuwin titi sangêt. Namung tumrap barang wêlingan ingkang sampun kakintunakên, badhe kalêstantunakên.

Tindakipun Inggris ingkang kados makatên punika saèstunipun adamêl gragapipun Prancis, rumaos manawi kêslêpêk anggènipun badhe ngewahi lampah, nanging kawusananipun inggih mrayogèkakên. Ingkang makatên punika malah mêwahi [mê...]

--- 1331 ---

[...wahi] grêngsêngipun Prancis anggèning ngèngêtakên dhatêng Itali, supados sampun kalajêng-lajêng anggènipun nêmpuh Ngabêsi. Dados rêmbagipun Inggris, botên nêdya sabar-sabaran, sadaya kêdah cekat-cèkêt rampung. Kajawi punika Inggris kêdah pratela dhatêng Prancis, supados nyadhiyani papan palabuhan ing sagantên têngah, Bizerte tuwin Ajaccis, sadaya badhe dipun angge dening Inggris samôngsa wontên prêlunipun. Dene ing Maltah badhe kasuwungakên, awit panggenan wau kamanah gampil katêmpuhipun ing mêngsah. Nanging Prancis pitakèn, saupami Inggris nyuda kêkiyataning wadya lautan punapa botên malah prayogi, murih sagêd damêl pulihing tata têntrêm kados ingkang sampun. Makatên ugi Prancis inggih pitakèn dhatêng Itali, mrayogèkakên sudaning wadyabalanipun ing Lybie. Pitakenan sadaya wau dèrèng manggih wangsulan ingkang gumathok, namung pinanggih kêmêngan kemawon, taksih ngêntosi rampunging pangrêmbag. Mila sawarnining tindak inggih dèrèng sagêd kandhêg utawi suda saking padatan. Dene tumrap pamitranipun Inggris kalihan Prancis, malah saya supêkêt.

Gêntos angraosi ing bab campuhipun ingkang sami pêrangan. Saya dangu tandanging wadya Ngabêsi saya anggrêgut, malah panjênênganipun Nata Ngabêsi piyambak kaparêng nyarirani ngungêlakên mriyêm agêng, minôngka cobèn-cobèn anggèning badhe ngêdali dhatêng papan paprangan. Tindakipun wau saèstu damêl gambiraning rakyat Ngabêsi.

[Grafik]

Bètèng Inggris ing Gibraltar.

Wontên pawartos, wadya Itali pêthak cacah 10.000 kabidhalakên saking Somaliland dhatêng Erythrea. Kawontênanipun ing Ogaden sakalangkung rame. Motor mabur Itali nglêpasi bom 3000 rambahan, ingkang dipun angkah kitha Khatama tuwin Taffar, adamêl tiwasing bôngsa Ngabêsi 5 tuwin nandhang tatu 20. Nanging gêntos wontên motor mabur Itali ingkang kapêksa mandhap, saha dados tawananing mêngsah.

Manggènipun wadyabala Itali wontên ing Adoea, Adigrat tuwin Axum, ambarisi papan ingkang panjangipun 70 mil, dene wadyabala ngajêng saya andhêsêk, sagêd ugi lajêng nêmpuh Makalle.

Ing salajêngipun, Ras Seyoem nglêmpakakên wadyabala [wadya...]

--- 1332 ---

[...bala] Ngabêsi ing sakidul Axum nêdya ngrêbat nagari ingkang sampun dhawah tanganing mêngsah. Ing bab punika adamêl pêpêting margi dhatêng Addis Abeba, tumindaking lampah namung sagêd mêdal ing gêgana.

Gêlaripun wadya Ngabêsi taksih pêrang lèrès, angunduri alon-alonan, dene ingkang golongan alit, nêmpun wadya Itali ingkang perangan ngajêng. Ing sêmu dèrèng purun pêrang rêrêmpon ing sadèrèngipun manggih kalamôngsa ingkang prayogi.

[Grafik]

Kapal-kapal pêrang Inggris wontên ing palabuhan Malta.

Kacariyos nalika Nata Ngabêsi midhangêt bilih Axum kêbrokan ing mêngsah, lajêng dhawuh supados pêrang rêrêmpon, matah prajurit 50.000 sami pêpilihan, dipun tindhihi Ras Mulugeta lajêng badhe ambiyantu Ras Seyoem ngrêbat kitha Axum wau. Kajawi punika Jendral Nasibu lajêng malês nêmpuh dhatêng laladan propènsi Ogaden. Campuhipun wau sakalangkung rame, ngantos sagêd ngêndhêg ajênging wadya Itali ingkang badhe dhatêng Jijiga.

Kalampahan wadyanipun Ras Seyoem nêmpuh barisan, Itali kaprênah panjawat têngên, nanging kenging dipun tanggulangi, katêmahan wadya Ngabêsi manggih karisakan agêng. Dene Jendral Nasibu tampi aturing juru sindi bilih wadya Itali ajêngipun anggrêmêt wontên ing sagantên wêdhi. Ingkang punika anjalari anggèning wadya Ngabêsi tumuntên nanggulangi.

Ing golongan sanès, wontên wadya ngabêsi 5000 têluk dhatêng Itali, lajêng dados tawanan, nanging tumrap têtiyang ingkang dados karerehanipun Ras Seyoem sami oncat.

Ujaring wartos, unggulipun Itali ing môngsa punika nama sawêg kêtêmbèn, nanging benjing samôngsa dumugi ing parêdèn, tamtu badhe manoni panêmpuhipun wadya Ngabêsi ingkang angêgirisi.

Ing bab pasulayan punika, kintên-kintên badhe saya rame.

--- [1333] ---

[Iklan]

--- 1334 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Padamêlan Tênun

Kaimpun dening Dêmang Diparêksaka, Cawas, Pedan.

Padamêlan tênun punika sampun dados pakulinan sêsambènipun sadhèrèk tani, têgêsipun, panggaraping padamêlan wau namung sasêlaning tanêm saha panenan. Ingkang kula mirêngi jaman rumiyin tumrap bawah nagari Surakarta, ingkang kathah tiyang nênun punika ing Ngungking sacêlakipun Sukaharja, tuwin ing Masaran kidul, bawah dhistrik Bèji (Klathèn), nanging sapunika ing pundi-pundi kathah ingkang sami nindakakên padamêlan tênun. Pirantos tênun punika murih sagêd kauningan ing ngakathah, badhe kula andharakên sacêkapipun.

[Grafik]

Tiyang èstri ing Grêsik nuju nênun.

Pirantosing tênun punika warni-warni, badhe kula têrangakên saking satunggal, miturut gotèkipun tiyang ingkang ahli tênun, kados ing ngandhap punika namanipun satunggal-satunggaling pirantos.

I. Têngkêr, ingkang kadamêl bumbung, 1 wungwang, 1 botên, pigunanipun kangge nyikati nalika lawe mêntas dipun sêkuli. Lawe punika kagodhog rumiyin, lajêng dipun sêkuli, bilih sampun kaêpe garing têrus dipun sikati.

II. Ingan, mawi cagak kajêng gilig agêngipun sajêmpolan suku, katancabakên ing dhumpal, cagak wau dipun saloboki dêling, sanginggiling ros kabolong 4, prêlu kangge wadhah lar, ingkang kadamêl wilah, ing pucuk mawi kapasangan carang utawi kajêng kablêngkuk, pirantos kangge ngulur lawe ingkang badhe dipun pani. Panguluripun lawe wau dipun wadhahi tampah, bèsèk punapa tumbu, lajêng dipun tindhihi krikil, kêcik utawi klungsu, prêlunipun bilih kapani botên ruwêt.

III. Panèn, pirantos kangge mani, ingkang kadamêl kajêng, sisih kiwa dlajugipun 3 utawi 4, ing têngên 2 utawi 3, mawi slorokan kajêng pasagèn, prêlu kangge ngulur têbih cêlakipun dêlajug, bilih dlajugipun têbih dadosipun lurik panjang, manawi cakêt lurikipun cêlak. Slorokan wau sisih kiwa ragi nêngah, kapasangan kajêng malang, kangge wadhah dlajug kalih saking wilah gilik, sisih ngajêng kangge wadhah gligèn wingking kangge wadhah gun. Gun punika ingkang dipun angge bolah, kangge

--- [1335] ---

damêl warnining lurik ingkang mujur. Mila bolah dipun wastani gun, awit punika dados turutaning lurik.

IV. Jôntra, ingkang kadamêl blabag alit-alit, katancêbakên ing as, jèjèr kalih, dadosipun lajêng wangun bundêr kados rodha, pucukipun kawêngku wilah kagancêng tamparan sinjang suwekan. As punika wau kalêbêtakên dhatêng pathok kalih, ingkang ngapit-apit rodha, ing wingking mawi garan kadamêl ngubêngakên rodha, dipun wastani onthèl-onthèl. Kiwanipun rodha wontên pathok jèjèr kalih kaclèwèr, kangge wadhah kisi, kisi mawi sênthêng (strèng) angsal rodha, dipun wastani blindhên. Jôntra punika kadamêl ngikal lawe dhatêng klêting ingkang tumancêb ing kisi, prêlu kangge pakan tênun ingkang wontên ing tropong.

[Grafik]

Tênunan ing Batak.

V. Kisi, ingkang kadamêl luyung gilig, agêngipun sadriji, panjang sakilan, kiwa têngên lincip, ing têngah kagêrêt mubêng, kangge wadhah blindhên.

VI. Blindhên, ingkang kadamêl tamparan bênang, kagosok lilin (malam) supados malinthêng alus.

VII. Klêting, ingkang kadamêl carang sajênthik, wungwang tanpa ros.

VIII. Suri, ingkang kadamêl ruji bamban, kairat alit-alit, kagapit papah arèn. Suri wêdalan toko ingkang kadamêl tosan (wêsi) dipun wastani suri bugis. Suri punika wau dipun têgèsi: panatagama. Lawe sasampunipun dipun pani, lajêng kasurupakên dhatêng suri, supados runtut lurikipun. Mila suri kanamakakên panatagama, têgêsipun: panata lurik. Badhe kasambêtan.

--- 1336 ---

Panggaotan Ngiras Kasênêngan

Pinanggihipun ing tanah Priyangan, ing bab ngingah ulam loh ingkang kangge panggaotan, majêngipun kêgolong sampun lami, malah tumrapipun ing tanah Priyangan piyambak, sampun nama limrah, mèh sabên tiyang sami gadhah balumbang kangge ngingah ulam.

[Grafik]

Dene tumrap talaga ingkang agêng-agêng, punika pangingahipun ulam sarana dipun pajêgi dening satunggiling tiyang dhatêng parentah.

Talaga wau sabên taun sapisan dipun pêndhêt ulamipun, nanging caraning misaya wau mawi sarana mupu beya, botên pilih tiyang, waton ambayar arta.

Ingkang dados kalimrahan, ing môngsa misaya ulam wau, ing papan ngriku sakalangkung rame, kathah tiyang sêsadean tuwin wontên ingkang ambikak têtingalan, kathah tiyang ingkang sami baitan. Untaping tiyang botên beda kados manawi nuju grêbêgan, malah lajêng ical sipating pados ulam, lajêng dados papan among sênêng. Ingkang kacêtha ing gambar, punika kawontênan ing talaga Ciburui (Padhalarang) ing kalanipun misaya ulam.

--- 1337 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKI.

Ama ulêr. Ing bawah Kalurahan Kalimundu, Krètèk, Ngayogya, wontên ama ulêr nêmpuh tanêman klapa, wontên 2000 wit ingkang karisakan, blarakipun ngantos têlas brindhil. Ingriku lajêng ngawontênakên rêrigên maprasi blarak, kakantunakên januripun salênjêr kemawon.

[Grafik]

Murid-murid Mosvia ing Magêlang. Dèrèng dangu punika murid-murid Mosvia ing klas inggil ing Magêlang lêlana dhatêng tanah Sumatra kilèn pêrlu anjêmbarakên sêsêrêpanipun. Inginggil punika gambaripun murid-murid wau wontên kapal "Sloet v.d. Beele" ingkang badhe dipun tumpaki saking Tanjungpriok dhatêng tanah Sumatra, katuntun dening leeraar ing sêkolahan wau, Tuwan Dr. J.A.C. Krafft (gambar ing têngah-têngah).

Kabudidayan Jêpan ing Nieuw Guinea. Ing bab bangsa Jêpan nama Saito ingkang angsal palilah kaparêngakên manggèn ing Nieuw Guinea, gadhah atur dhatêng ingkang wajib, mênggah kajêngipun, tumrap pasitèn 5000 ha. Sabên 1 ha. badhe dipun ênggèni kulawarga bangsa Papua 4 utawi 5 tuwin bangsa Jêpan 1. Manawi panyuwunipun wau dipun parêngakên, ing Nieuw Guinea badhe dipun ênggèni kulawarga Jêpan 1000, ingkang atêgês tiyang jalêr 1000 kanthi kulawarga ewon. Nanging kintên-kintên panyuwunipun wau botên kaparêngakên, awit kakintên ing Nieuw Guinea badhe dados nagarinipun bangsa Jêpan.

Walandi ingkang badhe mêrês tiyang. Ingajêng sampun kawartosakên, ing Sêmarang wontên Walandi badhe mêrês bangsa Tionghoa nêdha arta kawrat ing sêrat kanthi pangancam. Ing sapunika Walandi wau sampun ngakên, anggèning gadhah tindak makatên punika jalaran saking kêkirangan.

Asistent-Resident Karanganyar. Tuwan C.M. Dewald, Asistent-Resident bij den algemeenen bestuurstudienst provincie Jawi Têngah, dados Asistent-Resident Karanganyar, Paresidhenan Banyumas.

Tugu ing Selogiri, Surakarta. Kawartosakên, awit saking kaparêng dalêm Sampeyan Dalêm K.G.P.A.A. Mangkunagoro, badhe ngêdêgakên tugu ing Selogiri, laladan Wonogiri, kangge pangèngêt-èngêt tumrap panjênêngan dalêm K.G.P.A.A. Mangkunagoro I. Ing sadèrèngipun, badhe pratela dhatêng parentah rumiyin, supados botên nuwuhakên raos ingkang botên-botên.

Zwavelzure jinine kangge pakaryan kasarasan. Wontên pawartos, pakaryan kasarasan sampun sarêmbag kalihan pabrik kinine ing Bandung, supados ngladosi kinine ingkang mirah, inggih punika kinine-sulfaat, langkung mirah tinimbang zoutzure kinine. Bab punika manawi kalampahan, ing dalêm sataun pakaryan kasarasan badhe sagêd ngirid f 30.000.-. Tablèt ingkang ciri "Malaria-tabletten D.V.K. 1935" panganggenipun sami kados ingkang sampun.

Ngapusi tiyang sade loterij. Ing Surabaya wontên satunggiling bangsa Tionghoa ngidêrakên loterij. Nalika anggènipun idêr dumugi ing Kapasan, dipun undang tiyang numpak auto, cariyos badhe tumbas, lotre dipun têdha badhe kapilih, tiyang ingkang sade ngulungakên kalihan ancik-ancik ing pancadan auto, nanging tiyang wau lajêng dipun jêngkangakên, dhawah kalumah, auto kabandhangakên ambêkta lot rêrêgèn f 62.75. Auto kêtitik asli saking Malang. Nanging loterij wau lajêng damêl rêkaosipun ingkang kanggenan, awit nomêr-nomêripun sampun klêbêt cathêtan.

Salingkuh ing Pêkalèn. Ing bab papriksan salingkuhan arta irrigatie afdeeling Pêkalèn Sampeyan, sectie Situbondo, sampun rampung. Ing sapunika nitipriksa ondersectie ing Jêmbêr, pinanggih salingkuhan f 9522.-. Punggawa-punggawanipun ingriku sampun wontên ingkang dipun gantung kalênggahanipun. Dene bab cêthaning prakawis, rêkaos anggèning anjangkêpakên bukti. Namung pangintên, tumindaking salingkuhan wau sarana malsu sêrat-sêrat babagan wêdaling arta. Salajêngipun taksih kaudi têrangipun.

Pabrik speda. Wontên pawartos, firma S.L. manson & Co ing bandung, badhe mindhah kantoripun dhatêng Surabaya, manggèn ing Ngagêl, badhe ngêdêgakên pabrik speda Hima, prabot-prabotipun mêndhêt saking nagari Walandi, lajêng badhe dipun pasang ingriki.

Tuwan Nitisêmito angsal bintang. Dèrèng dangu Tuwan Nitisêmito ing Kudus, mêntas sowan sampeyan dalêm Ingkang Wicaksana ing Surakarta dhatêng pasanggrahan Prcimaharja. Ing sapunika awit saking kaparêng dalêm Ingkang Sinuhun, Tuwan Nitisêmito badhe kaparingan ganjaran bintang kados ingkang kaparingakên dhatêng para putra santana dalêm. Ingkang kautus maringakên R.M.A. Yudodipuro. Sarêng Tuwan Nitisêmito tampi pawartos bab punika, lajêng badhe katampi kanthi paargyan agêng-agêngan. Samangsa auto utusan dalêm dumugi Salatiga dipun paargya agêng-agêngan, salajêngipun kairid dhatêng Kudus mêdal Sêmarang. Sadumugining Kudus dipun hurmati gangsa, musik tuwin sanès-sanèsipun. Sagêd ugi utusan dalêm wau kaaturan lêrêm wontên Kudus, amargi ingriku kawontênakên paargyan.

--- 1338 ---

Inggah-inggahan. Dullah alias Sastrorêjo, juru sêrat klas 1 Kabupatèn Wonosobo, Paresidhenan Kêdu, dados mantri pulisi Paresidhenan Pêkalongan. M. Sutejo Purwodipuro, aib. fd. mantri pulisi ing Gombong, dados asistent wedana Paresidhenan Banyumas. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Têngah. R. Adam alias R. Suryodiningrat, asistèn wêdana Paresidhenan Malang, kapindhah dados asistèn wêdana Paresidhenan Bêsuki. R. Suharjo Purwoaminoto aib. mantri pulisi dados tijd. wd. asistèn wêdana sami Paresidhenan malang. R. Asparin, rumiyin wêdana distrik Panarukan, Kabupatèn Bêsuki, dados asistèn wêdana Paresidhenan Kêdiri. Mohamad Rifai ugi nama Radèn Panji Cokrokusumo aib. mantri pulisi Paresidhenan Madura, dados tijd. wd. asistèn wêdana Paresidhenan Madura. Sami kawrat kêkancinganipun Gupêrnur Jawi Wetan.

Pasiraman ing Maribaya, Lembang. Regentschapsraad Bandung kêlampahan sampun ambikak pasiraman Cipanas Maribaya. Pambikakipun dipun jênêngi ing para agêng. Pasiraman punika kenging kangge jêjampi. Lêbêtipun mriku sarana bayaran, klas 1 ing dalêm 20 menit 50 sèn, klas 2, 20 menit 25 sèn, klas 3, 10 menit 2 sèn. Ugi kasadhian papan ingkang lêlahanan. Ing benjing ugi mawi dipun sadhiyani doktêr punapa.

Tiyang ingkang ambêg têgêlan. Wontên pawartos, ing Bondowoso wontên satunggiling juru sêrat kantor, ngopèni kapenakanipun umur 8 taun. Jalaran saking nakaling lare wau, suku tuwin tanganipun sami dipun rante, kadèkèk wontên ing griya suwung ngantos satêngah wulan. Wujuding lare wau mêmêlas sangêt, saha sarêng dipun uculi bandanipun ngantos mèh botên sagêd mlampah. Lare wau lajêng dipun upakara wontên griya sakit. Juru sêrat kagantung pangkatipun saha katahan ing kunjaran.

Pangiridan ing S.S. Wontên pawartos, kintên-kintên benjing salêbêting taun 1936, afdeeling Instrumentenmakerij ing bèngkèl S.S. badhe kasuwak. Mênggah padamêlan wau golongan: andandosi timbangan, jam, monometer tuwin sanès-sanèsipun. Pangagêngipun ingkang pangkat Instrumentmaker badhe dipun pindhah utawi dipun wachtgeld. Dene tumrap punggawa sanès-sanèsipun ingkang botên dipun kanggèkakên, badhe dipun kèndêli. Tumrap pangagêng ingkang pangkat onder-opzichter tuwin sanès-sanèsipun, ugi dipun kèndêli.

Mr. Dr. Suripto kalihan Aneta. Kawartosakên, kala R.R.I. parêpatan wontên ing Bêtawi, Aneta martosakên bilih Mr. Dr. Suripto mêdhar sabda asuraos: Tuwuhing pêrang Italie kalihan Ethiopie, prayogi kangge margi pados kamardikan bangsa tanah ngriki. Ing bab punika Mr. Dr. Suripto lajêng sowan pangagêng nagari ingkang wajib, mratelakakên bilih botên gadhah ucap makatên, lêrêsipun ngucap: Pasulayan Italie kalihan Ethiopie sagêd ugi andayani kawontênan ing tanah ngriki. Mila kêdah jagi-jagi. Sarèhning kabaran Aneta wau adamêl awonipun Mr. Dr. Suripto, supados pakabaran wau cêlêt. Dene manawi botên purun, Mr. Dr. Suripto badhe nyêrêg dhatêng pangadilan.

Sêkolahan Bali-Hindu partikêlir. Awit saking usulipun Tuwan Ridolf Bonet, ahli gambar ing Ubut (Gianyar) dhatêng para pangagêng ing bali, supados kawontênan sêkolahan adhêdhasar kabudayan Bali-Hindu, supados nênangi dhatêng raos kabatosan, sampun ngantos ical kadhêsêk ing daya sanès. Usul punika sampun dipun sayogyani dening: Ir. Moens, Dr. Stutterheim, Dr. Bosch, Dr. Goris, Tuwan Gobee, tuwin Tuwan Alb. De la Court, Directeur H.I.K. ing Bandung. Saking rêmbagipun Dr. Stutterheim, supados bab punika yêyasanipun dipun adanana dening bangsa Bali piyambak, murih lugu nama sêkolahan Bali-Hindu. Bab punika ugi sampun dipun sayogyani para pangagêng bangsa Bali, nanging kuciwa dene waragadipun kathah. Sagêd ugi namung kandhêg wontên ing gagasan.

Pangarsa Landraad tiyang siti. Mr. Mas Husein Tirtoadiwijaya, pangarsa Landraad ing Blora lan Rêmbang, dados pangarsa Landraad ing Purwakarta. Mr. R. Wiryono Kusumo, pangarsa Landraad ing Purwakarta dados pangarsa Landraad ing Blora lan Rêmbang.

Ngawisi orgaan Mussert. Wontên pawartos, Procureur Generaal angawisi sumêbaripun orgaan Nationaal-Socialistische Beweganing (golongan Mussert), nama Volk en Vaderland. Awisan wau angèngingi umum, sanadyan tumrap warga N.S.B. pisan. Ingkang lugu kaawisan, ingkang mêdal kala tanggal 28 Sèptèmbêr kêpêngkêr. Ingriku wontên panacad tumrap pulitiek sajawining praja, ing bab pasulayanipun Italie kalihan Ngabesi. Panêrak punika narajang ing bab 154 buku Anggêr Kukum.

ASIA.

Bêna ing Tiongkok. Jalaran saking wontêning bêna ing Tiongkok, wontên usul ing bab tumindaking damêl kuli mardika kangge niti kawontênanipun lèpèn-lèpèn. Sawarnining tiyang jalêr ingkang umur 18 taun dumugi 50, botên mawang saradhadhu tuwin student punapadene ambtenaar, sami katêtêpakên tumut nyambut damêl. Miturut katrangan, ing Nanking sampun wontên tiyang 5000 ingkang badhe ambiyantu pasang tanggul, nanêm kêkajêngan tuwin ngêdhuk dhasaring lèpèn-lèpèn kitha. Ingkang nyambut damêl kanthi tampi bayaran 14 sèn kangge tumbas roti tuwin toya. Tumrap sanès panggenan ugi badhe tumindak makatên.

EROPA.

[Grafik]

Wakil Inggris wontên Volkenbond. Ing bab pawartosipun kawigatosaning Volkenbond tumraping pêpêrangan Italie-Ethiopie, para maos botên badhe kêkilapan. Inginggil punika gambaripun Minister Sir Sanuel Hoare, wakil Inggris nalika mêdhar sabda wontên ing Volkenbond ing bab wigatosing pêpêrangan Italie-Ethiopie.

Kemal Attaturk badhe dipun cidra. Wontên pawartos, ing sapunika kasumêrêpan wontên golongan wados nêdya badhe nyidra President Republiek Turki panjênênganipun Kemal Attaturk. Ing salajêngipun sampun wontên tiyang Circassier 6 sami dipun cêpêng.

--- 1339 ---

Wêwaosan

Wangsulipun Tarsan.

Piridan saking buku karanganipun Tuwan Edgar Rice Burroughs.

46

Ucapipun Turan ingkang makatên wau adamêl kagètipun Nonah Jinê. Lajênging wicantênanipun: Piyambakipun punika sampun nate nglampahi pandamêl ingkang asor sangêt, inggih punika nalika angrêmêni bojoning tiyang, sarta sarêng konangan ingkang jalêr, wani adamêl sumpah palsu angawon-awon dhatêng pawèstri, ingkang dipun pitênah wau. Sarêng tumindak ingkang makatên wau, tanpa damêl, saha saking ajrihipun dhatêng ingkang jalêr, satêmah piyambakipun lajêng miruda anilar tanah Prancis. Inggih jalaran makatên wau, wontênipun si babi Tarsan numpak kapal ingkang ugi dipun tumpaki dening Nonah Sêtrong lan kula. Kula sagêd ngomong makatên punika, awit tiyang èstri ingkang dipun kurangajari dening piyambakipun wau, punika sadhèrèk kula èstri piyambak, lan wontên sababipun malih, ingkang dèrèng kula wêdharakên ing sanès. Punapa inggih punika: wontênipun babi Tarsan nêmpuh byat anggêbyur ing sagantên, jalaran sarêng sumêrêp kula, sumêlang ing manahipun, manawi kula sagêd anêpangi piyambakipun, botên sande têmtu kula ajak pêrang tandhing abên kaprigêlan anggar. Niyat kula saupami kalampahana sagêd pêrang tandhing makatên, kula namung badhe migunakakên lading kemawon.

Mirêng umukipun Turan alias Rokop ingkang makatên wau, Nonah Jinê gumujêng kalihan wicantên: Panjênêngan punapa gadhah pangintên, bilih tiyang ingkang sampun têpang èstu dhatêng Tuwan Tarsan badhe pitados dhatêng dêdongengan panjênêngan ingkang makatên punika.

Turan: Manawi andorakakên omong kula punika, kawon tôndha yêkti, inggih punika: sabab dening punapa têka piyambakipun kêkesahan ngangge nama sanès.

Nonah Jinê: Kula botên pitados dhatêng sampeyan.

Sanadyan Nonah Jinê anglairakên botên pitadosipun, ewasamantên jalaran saking kataman omonganipun Turan wau, têmahan ing batos manahipun Nonah Jinê lajêng dados gojag-gajêg. Awit piyambakipun nyumêrêpi têpangipun Nonah Hasêl Sêtrong kalihan ingkang dipun anggêp dewaning wana punika, ngangge nama: Jon Kadwèl saking Londhon.

Kintên-kintên watawis gangsal pal têbihipun, kaprênah lèr saking padununganipun tiyang têtiga wau, botên kanyana-nyana, kadosdene pintên-pintên ewu pal têbihipun, ing ngriku dununging gubuging Tarsan bôngsa wanara. Dene antawis tigang pal têbihipun saking gubugipun Tarsan, urut gisiking sagantên gubug-gubugipun têtiyang kônca-kancanipun Kleton numpak baita alisê, ingkang kenging bêbaya saha ingkang lajêng numpak dados tigang sêkoci, cacahipun wolulas, sagêd mandhap ing ngriku punika.

Kawontênanipun têtiyang wolulas, sasampunipun mandhap saking baita lajêng sami numpak tigang sêkoci wau, manggihipun dharatan namung tigang dintên. Punapa malih kala samantên botên wontên alun babar pisan. Dados anggèning nandhang bêbaya wontên sagantên wau, botên sangsara sangêt-sangêt. Têtiyang wolulas wau, sami anggadhahi pangajêng-ajêng, bilih sêkoci ingkang nomêr sakawan, inggih punika sêkoci ingkang dipun tumpaki Kleton sakancanipun, tamtu badhe angsal pitulungan, dening botên kenging botên tamtu ingupadosan anurut gisiking sagantên. Ing sarèhning sadaya dêdamêl, tuwin sanjata latu dalah obat samimisipun, kala samankênsamantên. sami dipun usungi dhatêng sêkoci ingkang dipun tumpaki Lod Tènington, amila para têtiyangipun ing ngriku inggih sami sagêd angrêksa gêsangipun, punapadene sagêd ambêbêdhag kalihan sasêkecanipun.

Dene ingkang tansah dados damêl, punika namung Tuwan Propesor Portêr. Mênggahing tuwan propesor wau, salêbêting manah anêmtokakên bilih anakipun èstri botên kenging botên tamtu sampun angsal pitulunganing sanès, amila tumrap dhatêng anakipun èstri wau, piyambakipun inggih botên gadhah sumêlang punapa-punapa. Pikiranipun ingkang sakalangkung ayêm, punika inggih lajêng namung dipun pigunakakên kangge ngupados wêwahing sêsêrêpanipun.

Jalaran saking punika, sèkrêtarisipun tuwan propesor, inggih punika Tuwan Pilandêr, ing satunggiling dintên lajêng arêrêmbagan kalihan Lod Tènington makatên: Salaminipun dèrèng nate tuwan propesor angèlipun kados ing samangke punika. Kala wau enjing kemawon, kula namung klimpe satêngah jam, sarêng kula padosi sampun botên wontên sarta botên kantênan purugipun. Môngga panjênêngan badhe, dhatêng pundi purugipun tuwan propesor. Jêbul katingal sampun sêtêngah pal têbihipun saking dharatan, numpak sêkoci, ingkang dipun wêlahi sakiyatipun kadosdene wontên ingkang ambujêng. Kula botên mangrêtos babar pisan sabab-sababipun dene piyambakipun ngantos sagêd dumugi ing têngah, ingatasipun wêlah ingkang dipun angge wau namung satunggal. Môngka pancènipun sagêd-sagêdipun nasungnamung. muwêr ing panggenan ngriku kemawon. Sarêng salah satunggaling matrus ambêkta kula mawi sêkoci amurugi piyambakipun, jêbul malah nêpsu

--- 1340 ---

sangêt, dupèh kula ajak wangsul. Cariyosipun tuwan propesor makatên: Tuwan Pilandhêr, kula gumun sangêt, dene ingatase sampeyan piyambak, satunggaling tiyang pangajaran, têka wani ngalang-alangi dhatêng lampahing pangudi kula kamajêngan. Sarèhning êmpun pintên-pintên dintên niki, ontên owah-owahaning lampahipun lintang, kang sagêd anjalari sumêrêp dhatêng wontêning pêpêdhut, kula niki bisaa anêksèkake. Sabab saupama nganti sagêd kasumêrêpan yêktos, sadaya tiyang pintêr mêsthi sami kagawokan manahipun. Anggèn sampeyan tumut-tumut niki, kapêksa anjodhèri laku. Lan andadèkake rêndhêting pangudi kula. Sabab lampah kula mriki niki, inggih prêlu bab niku. Salajêngipun angèl sangêt anggèn kula ngarih-arih tuwan propesor supados wangsul dhatêng dharatan, ngantos kapêksa kula nindakakên pamarusa dhatêng piyambakipun.

Mênggah kawontênanipun Nonah Sêtrong tuwin ibunipun, tansah ngatingalakên ayêming manahipun, sanadyan ing batos lugunipun namung uwas lan kuwatos dhatêng panêmpuhing sato galak. Makatên ugi tiyang pawèstri kêkalih wau tansah mrihatosakên dhatêng kawontênanipun Nonah Jinê, Kleton, tuwin Turan, awit ing batos botên ngandêl, bilih tiyang têtiga punika sampun angsal pitulungan.

Dene Èsmêraldhah, inggih punika pamongipun Nonah Jinê, tansah nangis têrus-têrusan manawi angèngêti pisahing momonganipun punika.

Mênggahing Lod Pènington, salêbêtipun sami kasarakat wau, tansah ngatingalakên sae lan bèrbudining manahipun. Anggêp lan pangrêngkuhipun dhatêng ingkang tinatamu, tansah andêmênakakên, sarta tansah ambudidaya murih sami sênênga ing manahipun. Tumindakipun dhatêng para punggawaning kapal, sanadyan taksih anêtêpakên kuwajibanipun kados kaptinipun, ewasamantên tansah anglonggari kaadilanipun. Salêbêtipun wontên ing ngriku wau, sampun kêrêp wontên pasulayaning para punggawa kapal, nanging tumindaking pangadilanipun botên mawi apilih sih, ingkang salajêngipun ngantos adamêl pamarêming manah.

Kocapa, tiyang kêkalih: Kleton tuwin Turan alias Rokop, ing kala samantên pangangge ingkang têmèmplèk wontên ing badanipun, sampun pating sarêmpal suwèk rojah-rajèh dening tansah kenging ing ri lan bêbondhotan nalika sami lumêbêt satêngahing wana ngupados têdhanipun. Ngantos kenging kabasakakên, tiyang kêkalih wau sampun sami wuda blêjêd.

Dene Nonah Jinê, sanadyan botên nate tumut nyambut damêl ingkang rêkaos punika, ewasamantên panganggènipun inggih samun botên kenging dipun tingali.

Ing sarèhning gêsangipun wontên ing ngriku kapêksa kirang padamêlan, amila ingkang dados sambènipun, Kleton namung anglêmpak-ngalêmpakakên wacucaling kewan, ingkang sami kapragat katêdha dagingipun. Wacucal-wacucal punika sami dipun upakara, murih botên enggal risak, inggih punika sasampunipun kapênthang, lajêng kaêpe sarta kagosok-gosok, ing wusana sarêng panganggenipun sampun risak babar pisan, lajêng tuwuh pikiranipun, wacucal-wacucal wau dipun rekadaya kadamêl nutupi badanipun kadosdene pangangge. Dene ingkang kangge andondomi murih gathuking wacucal, minôngka jarumipun, bangsaning sukêt ingkang kakên lan wulêt, lan minôngka bênangipun, ototing kewan-kewan wau.

Ing wusana dêdamêlanipun Kleton wau, sagêd wujud kadosdene rasukan panjang tanpa lêngênan. Ing sarèhning ingkang dipun damêl pangangge wau wacucaling kewan mawarni-warni, dados sarêng kaangge, wujudipun inggih bêlang buntèng lucu sangêt. Punapa malih ambêtipun ingkang botên eca tansah kêkinthil kemawon. Nanging kadospundi malih, anggènipun botên kapêksa ngangge barang ingkang awon lan anggônda punika, sabab panganggènipun ingkang sakawit sampun risak botên kenging dipun angge babar pisan. Ewasamantên, sanadyan ing kala punika gêsangipun wontên ing salêbêting lêlampahan ingkang musakat, nalika Nonah Jinê sumêrêp Kleton mangangge ingkang makatên wau, sagêd gumujêng kêkêl.

Danguning dangu Turan ugi kapêksa tumut-tumut adamêl pangangge ingkang kados makatên punika. Ing wusana wujudipun tiyang jalêr kêkalih wau, jalaran saking panganggènipun ingkang anèh, botên mawi sêpatu, sarta botên nate cukur, ngantos wuluning badan sami adhiwut-dhiwut, brêngos, brewok lan rambutipun sami rewog-rewog, angèmpêri kadosdene tiyang wanan ing jaman kina. Nanging anèhipun, wiwit punika tandang tandukipun Turan lajêng angêplêki kados tiyang wanan saèstu.

Sarêng sampun watawis kalih wulan anggènipun sami dêdunung wontên ing ngriku, dumadakan lajêng katêmpuh ing bêbaya agêng. Sadèrèngipun bêbaya agêng wau dhatêng, langkung rumiyin mawi gara-gara satunggiling lêlampahan ingkang mèh adamêl tiwasipun tiyang kêkalih.

Ing wêkdal punika Turan kumat sakitipun bêntèr, amila lajêng mapan tilêman wontên ing pandhêlikanipun ing sanginggiling wit-witan. Kleton lumêbêt ing wana, kirang langkung kalih atus pêcak têbihipun saking ngriku, prêlu ngupados têtêdhan. Kala Kleton wangsul, dipun pêthukakên dening Nonah Jinê. Kleton wau botên sumêrêp, bilih ing wingking dipun tutakên singa barong ingkang sampun kawak sangêt. Sampun watawis tigang dintên singa barong wau botên angsal mêmangsan punapa-punapa jalaran sampun botên gadhah kêkiyatan kangge ngupados mêmangsanipun. Sampu pintên-pintên wulan anggènipun nêdha saya sakêdhik, lan saya dangu inggih saya pisah kalihan kônca-kancanipun prêlu ngupados mêmangsan ingkang gampil-gampilan kemawon. Danguning dangu piyambakipun sagêd amanggih mêmangsan ingkang tutut piyambak, inggih punika manusa. Amila gagasanipun, botên dangu malih têmtu badhe ngraosakên mêmangsan ingkang langkung eca raosipun.

Badhe kasambêtan.

--- [0] ---

Carita Môncawarna

f 0.75 isinipun dongèng 23 warni. Prayogi kangge têtuladanipun para mudha. Rêgi f 0.75.

Minôngka icip-icip, ing ngandhap punika pêthikanipun:

Nalika panjênêngane Sang Prabu Phrèdêrik kang luhur, ratu ing nagara Prèsên, ana jendral siji aran Sidlit. Iku ngaturake layang palapuran, konjuk marang sang prabu, yaiku palapuran bab kaanane para upsir saklerehane kang wus padha milu pêrang. Kamot ing layang palapuran ana pangalême jendral marang litnan ênom kang prawira, prakosa labuh marang nagara ngluwihi karo kônca-kancane kabèh.

Esuke litnan ênom tinimbalan dening sang prabu, sarta kadangu mangkene: He, litnan ênom, ingsun wus miyarsakake unjuk palapurane jendral ingsun, yèn sira iku wong kang prawira, prakosa labuh marang nagara, ngungkuli kancanira para upsir kabèh. Mulane ing saiki sira pantês ingsun paringi ganjaran rong warna, mara sira piliha salah siji. Sira milih dhuwit êmas 100 iji, apa milih bintang êmas.

Ature litnan ênom: Dhuh gusti, nata pêpundhèn kawula, kawula milih arta êmas 100 iji punika.

Sang nata mirsa pamilihe litnan, têmah ngungun, pangandikane: He, litnan, karêpira kapriye, dene sira milih dhuwit êmas, ora milih bintang êmas kang minôngka kaurmatanira.

Ature litnan ênom: Dhuh gusti, nata pêpundhèn kawula, mugi anêbihakên ing dêduka dalêm dhatêng jasad kawula. Mila kawula milih pêparing dalêm ingkang awarni arta êmas 100 iji, awit kawula punika gadhah sambutan kathah. Dados pêparing dalêm arta samantên punika badhe kula angge nyaur sambutan kawula. Mênggah panimbangan kawula makatên: utama ora abêbintang ora duwe utang, katimbang karo garang sugih utang.

Sang prabu kakênan ing panggalih midhangêt ature litnan ênom, pangandikane: He, litnan ênom, sarèhne kaya mangkono pangêtrapira marang pêparing ingsun, mulane ganjaran kang arupa bintang êmas tampanana pisan. Pangarêp-arêp ingsun marang sira, muga sira bisa anglakoni katêmênan, ngluwihi saka kang uwis, supaya ing têmbe sira bisa anduwèni pangkat kang luwih dhuwur saka kang wus sira lakoni iki.

Ature litnan ênom: Dhuh gusti, nata pêpundhèn kawula, kawula matur sèwu nêmbah nuwun ing sih wilasa dalêm ingkang sampun rumêntah dhumatêng badan kawula. Mugi kawula angsala pangèstu dalêm, sagêd anglampahi katêmênan anglangkungi saking punika.

Wêdalan, Bale Pustaka, Batawi Sèntrum.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 86, Rê Pa, 2 Ruwah Jimakir 1866, 30 Oktobêr 1935, Taun X

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

Maryati lan Maryana

Martobi, bakul sinjang ing dhusun Sukaraja, gadhah anak kêkalih nama Maryati lan Maryana.

Kacariyos Pak Martobi kesah minggah kaji dhatêng Mêkah, ingkang têngga griya ingkang èstri saanakipun kalihan rencang èstri satunggal. Sadangunipun katilar ingkang jalêr, Bok Martobi sakit sangêt. Sarêng mirêng ingkang jalêr tilar donya wontên ing purug, sakitipun saya sangêt, ngantos dados tiwasipun.

Maryati lan Maryana dipun kukup pamanipun, nama Martadi, bakul sinjang ing dhusun Kalibagor.

Nalika samantên, lurahipun dhusun Kalibagor lowong, lajêng ngawontênakên pilihan malih, Martadi tumut magang, barang darbèkipun kasade kangge waragad, nanging wusananipun botên dipun pilih. Pak Martadi susah, bôndha têlas, saking judhêging manah lajêng kesah sapurug-purug, anak semah dipun tilar.

Bok Martadi mantuk dhatêng dhusunipun piyambak, ing Sumampir, Maryati kabêkta. Dene Maryana, tumut pamongipun, nama Bok Kariya. Lêt sawatawis wulan, Maryana dipun têmbung dhatêng tiyang ingkang ragi kacêkapan, badhe kapêndhêt anak, nama Kaji Harun. Bok Kariya ngrilakakên, awit gadhah pangintên yèn Maryana badhe langkung kopèn.

Bok Martadi lan Maryati gêsangipun nalôngsa, kêpêksa sami nyambut damêl awrat, dados kuli pabrik. Maryati sampun diwasa, warninipun sae. Sindêripun pabrik ngriku, rêmên. Maryati badhe dipun gundhik botên purun, lajêng kesah madosi mitranipun, tilas kônca sêkolah.

Lampahipun Maryati tansah katula-tula, wontên ing Kêbumèn dhawah ngantos sumaput gumlethak ing margi. Lajêng kausung dhatêng griya sakit, dipun upakara sagêd saras, malah lajêng kapurih nyambut damêl wontên ing griya sakit ngriku.

Maryati tumêmên dhatêng kuwajibanipun, dhoktêripun asih sangêt, lajêng dipun wuruki ngèlmu dhukun bayi (prutpro). Lami-lami Maryati sagêd dados prutpro ingkang pintêr.

Kacariyos Maryati bawa piyambak wontên ing Banyumas, kathah ingkang sami nêdha tulung. Wontên ing ngriku Maryati dados tiyang kacêkapan, gadhah griya sae.

Wontên guru bantu, nama Sastramartaya, ingkang èstri badhe gadhah anak, nêdha tulung dhatêng Maryati. Sasampunipun takèn-tinakenan, Sastramartaya ngakên namanipun alit: Maryana, adhinipun Maryati. sadhèrèk kêkalih lajêng sami têtangisan saking bingahipun. Maryana saanak semahipun lajêng dipun kukup Maryati, manggèn nunggil sagriya, sênêng gêsangipun.

Makatên mênggah cêkakanipun cariyos: Maryati-Maryana, ingkang anggambarakên asor-luhuring bêbudènipun manusa. Rêgi ... f 0.35

Wêdalan: Bale Pustaka, Batawi Sèntrêm.

--- [1357] ---

Ôngka 86, Rê Pa, 2 Ruwah Jimakir 1866, 30 Oktobêr 1935, Taun X

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1,50 bayaran kasuwun rumiyin botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka ing sawingkinging kantor Palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Sônggariti - Santun-sumantuning Dhawuh - Kawontênan ing Amerikah - Kasatriyan Punika Punapa - Gêndhing Jawi - Adpêrtènsi - Bab Wetanan lan Kilenan - Kabar Warni-warni - Wêwaosan.

Sônggariti

[Grafik]

Sawangan ing parêdèn Sônggariti, margi ing saantawisipun Batu kalihan Pujon, Jawi Wetan.

--- 1358 ---

Kawruh Sawatawis

Santun-sumantuning Dhawuh Pranatan Nagari Tumrap Karaton Dalêm Surakarta Adiningrat, ing Taun 1889-1916.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 82.

XXXXIII Bab karamean malêman.

Ing taun 1905 nagari andhawuhakên waradin, sadhengah tiyang kalilan ambikak karamean ing kêbonraja Sriwêdari sabên anyarêngi malêman ing wulan Ramêlan, makatên malih sabên nyarêngi dhawahing malêman, têtiyang utawi pakêmpalan, kaparêngakên adamêl têtingalan ingkang kawastanan: blumêkorso. Mawi dipun wontêni komisi, pundi ingkang kawical sae piyambak, punapa malih ingkang kalêbêt lucu piyambak, badhe pikantuk ganjaran arta saking nagari, kaundha-usuk pangkat I-II dumugi pangkat III. Kala samantên salêbêtipun 5 taun, kathah têtiyang nglêbêti damêl têtingalan blumêkorso wau, sabên dhawah malêman wulan Ramêlan ngantos 8-10-12 prangkat malêbêt ing kêbonraja Sriwêdari, jam 1 dalu sawêg rampung bibaran. Kawontênanipun gagrag utawi anggit manekawarni sangêt.

XXXXIV. Bab pêrgadring tumrap umum.

Nunggil taun 1904 kasêbut nginggil, nagari anglilani dhatêng sadhengah pakêmpalan, kaparêngakên adamêl sêsorah utawi pêrgadêring tumrap prêluning ngakathah (opênbar), manggèn ing griya sus: abipraya, ing kêbonraja Sriwêdari, ing bangsal pasowanan ngalun-alun tuwin sanès-sanèsing panggenan, samantên wau bilih tujuning pakêmpalan utawi sêsorah botên dados awisaning nagari, punapa malih kêdah wontên idi palilah saking asistèn residhèn. Kala samantên pakêmpalan pribumi, tumrap Surakarta èngêt-èngêtan ingkang sampun dumados sawêg wontên tigang prangkat, 1. Abipraya, 2. Budi Utama, 3. Sarekat Islam. Pawingkingipun mindhak taun pakêmpalan saya wêwah-wêwah kathahipun, dumugi sapriki dasanan cacahipun maneka warni, ingkang kathah pakêmpalan golongan, ingkang pakêmpalan opênbar inggih namung tigang prangkat kasêbut nginggil wau.

XXXXV. Bab watês kampung Tionghwa.

Ing taun 1896, nagari andhawuhakên undhang-undhang bab pakampungan ingkang kenging dipun ênggèni bôngsa Tionghwa, utawi gundhiking bôngsa Tionghwa, botên sadhengah pakampungan kenging dipun dunungi bôngsa Tionghwa, utawi gundhiking bôngsa Tionghwa, nanging sampun dipun sukani watês utawi têtêngêr piyambak-piyambak.

Pakampungan ingkang dede garis kampung Tionghwa, môngka ngriku sampun wontên bôngsa Tionghwa utawi gundhik Tionghwa ingkang dêdunung utawi gêgriya, punika kalêstantunakên pamanggènipun, nanging

--- 1359 ---

ngêmungakên ingkang sampun kêlajêng wau kemawon, wêwahan enggal botên kaparêng. Wusana jaman sapunika undhang pranatan kados makatên wau sampun rucah botên tumindak malih, têgêsipun bôngsa Tionghwa punapa malih gundhik bangsa Tionghwa, maggèna ing pundi-pundi pakampungan kenging kemawon, botên wontên pilah-pilah mawi garis kampung Tionghwa malih. Têrangipun bôngsa Tionghwa sami dêdunung utawi gêgriya nunggil kalihan pakampungan pribumi ugi kenging kemawon botên wontên awisanipun malih.

[Grafik]

Têtiyang miskin ingkang kaupakara wontên ing wangkung.

XXXXVI. Bab wangkung (têtiyang miskin).

Suwaunipun sadaya tiyang miskin (kere), jalêr èstri, sêpuh punapadene lare, salami-laminipun kapanggènakên dados satunggal, wontên ing Kêdhungkopi (Jèbrès), ingonipun angsal pêpancèn cadhong têdha saking nagari, nanging kaawisan botên kalilan papariman utawi nguladarangulandara. mrika-mrika. Wusana sarêng taun 1910, panggenanipun tiyang miskin wau kapindhah wontên dhusun Pajang (Laweyan), wontên ngriku kajawi angsal pêpancèn têdha sabên dintên, wêwah angsal wulangan, kados ta: lare-lare diwasa kasêkolahakên, têtiyang sêpuh jalêr èstri, tanêm pantun ing sabin, nyambut damêl anam-anam, damêl pirantos warni-warni. Ingkang nuju sakit kaupakara ing dhoktêr. Sadaya garapan padamêlan wau sami kaangsalakên pituwas saking nagari, sabên wulan mawi dipun wontêni kumisi saking parentah, kalêbêt palapuran dhatêng nagari punapa kawontênanipun. Dene griyanipun kadamêl gêdhong-gêdhong tembok, papanipun pinggir radinan agêng cêlak lèpèn, rêsik gumarining, bawera radin. Punggawa nagari ingkang tinanggênah rumêksa utawi ngupakara ngriku cacahipun anyêkapi. Dumugi sapriki, saya wêwah-wêwah rêja lan sae. Badhe kasambêtan.

P.K. 585.

--- 1360 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Amerikah.

Ing bab pasulayanipun Itali kalihan Ngabêsi, tumrap Amerikah katingal sajak botên angêmori damêl, môngka tumraping nagari agêng kados Amerikah, ing bab babagan makatên punika tamtu botên badhe kantun. Nanging sajatosipun, anggèning Amerikah katingal kèndêl, punika namung pinanggih wontên ing tataning pasulayan, mênggahing kabatosan malah tumindak sakalangkung wigatos, amargi Amerikah pancèn niyat nyantosani adêgipun, sampun ngantos kèmbèt ing bab pasulayan punika. Malah kapara tumut nindakakên rekadaya murih sandening pasulayan, sagêda têtêp wontênipun karukunan donya.

[Grafik]

Kapal-kapal mabur Amerikah nuju kawontênakên paradhê.

Ingkang makatên punika Amerikah botên nêdya ngêmori damêl dhatêng tindakipun Inggris, Prancis tuwin Polkênbon ing bab anggèning suka pêpèngêt dhatêng Itali supados nyandèkakên anggèning pasulayan kalihan Ngabêsi. Dados Amerikah têtêp anggènipun botên ilon-ilonên.

Pamanggihipun Amerikah dhatêng babagan pasulayan punika saèstunipun langkung lêbêt, amargi gadhah pangintên, pêpêrangan punika botên namung badhe cuthêl samantên kemawon, sagêd ugi badhe dados langkung rame tumrapipun Aprikah tuwin Eropah.

Manawi angèngêti tumindaking karukunan nêdya ngawontênakên [nga...]

--- 1361 ---

[...wontênakên] wadya lautan, punika lajêng nuwuhakên raos sônggarunggi gêgayutanipun kalihan Itali, awit ing sapunika Itali nuju manggih sabab pasulayan kalihan Ngabêsi, manawi rêmbag rukun wau kalajêngna, pinanggihipun tamtu botên prayogi. Awit lajêng botên wontên rêmbag ingkang tuwuh kanthi katêntrêman.

Manawi tumrap Amerikah, ing bab matêsi dêdamêl lautan, pancèn kamanah wigatos sangêt, mila ing bab pêpalang punika malah badhe mutawatosi ing têmbe wingking. Makatên ugi tumraping sanès, paprangan punika kawêkasanipun badhe sagêd adamêl kirang sakeca, tuwin nama botên anèh manawi lajêng anggayut damêl rêndhêting lampah dagang. Amerikah punika sampun ngrancang bab lampah-lampah gêgayutaning among dagang kalihan nagari ngamônca. Môngka rancangan wau manawi katrajang ing sabab ingkang tuwuh saking Eropah, sampun tamtu badhe damêl cabaring tindak wau sadaya, awit sabab ing Eropah punika tamtu badhe sumrambah dhatêng saindênging jagad.

Makatên malih ing bab pêrangan punika têtela badhe andadosakên cabaring lampah pangudi pulihing lampah dagang, ingkang pinanggih risak dening wontêning pêrangan ingkang kapêngkêr. Manawi kêkiyatanipun Itali bab dagang risak dening wontênipun pêpêrangan utawi wontêning pêpêrangan saya tumular têbih, inggih lajêng nyandèkakên tatanan ingkang sampun karigênakên.

Saya manawi angèngêti tindakipun Sang Mussolini ing ngajêng bab tatanan karukunan donya ingkang sampun dipun sanggêmi dening Amerikah, Inggris, Prancis, tuwin sanès-sanèsipun, manawi ngantos cabar, badhe sakalangkung damêl nalôngsa, lajêng nama bibrah morat-marit, botên timbang kalihan anggènipun rêkaos ing ngajêng. Lajêng kadospundi rekadayanipun malih saupami kawontênan punika saèstu jugar dening katrajang urubing latu ing laladan Ngabêsi.

Tamtunipun manawi nyata lampahing donya badhe ewah, têtêp botên kenging dipun tata, lajêng têtela bilih ing donya punika kêdah katindakakên kanthi santosaning paprentahan, awit inggih namung kêkiyatan ingkang kenging kangge ngudi dhatêng katêntrêman. Dados têtela rêmbag-rêmbag ingkang sampun, sami botên wontên damêlipun sadaya.

Sarèhning kawontênanipun kados makatên, wohing pangudi katêntrêman tamtu malah angosok-wangsul, kadosdene ingkang pinanggih kala taun 1914.

Inggih kawontênan ingkang kados makatên punika ingkang dipun kuwatosakên dening Amerikah. Mila Amerikah namung ambudidaya murih botên kèmbèt dening pasulayanipun Itali tuwin Ngabêsi, namung badhe ngangkah sagêda têtêp madêg anggèning nunggak waru, sampun ngantos kasampe lajêng angêmori damêl kados kala pêpêrangan Eropah ingkang sampun-sampun.

Ingkang punika Amerikah lajêng ngawontênakên undhang-undhang angawisi wêdaling padagangan mimis dhatêng nagari ingkang sawêg pêpêrangan, punapadene ngawisi suka sambutan dhatêng nagari-nagari wau. Kajawi punika ugi angawisi bôngsa Amerikah numpak kapal-kapal gadhahanipun nagari ingkang nuju pêpêrangan.

--- 1362 ---

Raos Jawi

Kasatriyan punika Punapa.

Têmbung kasatriyan punika wontên ing kalangan kajawèn ingkang ngudi dhatêng kaluhuraning darajat mênggahing kamanungsan, sajakipun sangêt anggènipun dados gêgununganing pangèsthi. Kados ta: ing kalangan panggulawênthah, lare-lare kêdah dipun wijèni watak kasatriyan. Pamulangan mawi nama: Kasatriyan. Trajanging para panuntun bôngsa ingkang kondhang, sinêbut: nêtêpi kasatriyanipun, sasaminipun. Nanging kadospundi blêgêring lênggahipun punapadene katêranganipun ingkang gumathok, kula têka dèrèng mrangguli. Mila sarèhning têmbung wau sampun dipun ajêngi ngakathah, tur ta inggih dados gêgununganing pangèsthi ingkang sajakipun ugi sampun sami mangrêtos pikajêng sarta têgêsipun, ing ngriki mêksa taksih kula cungulakên. Ing pangangkah, mugi wontêna para sarjana aparing katêrangan. Salajêngipun, katêrangan wau mugi dadosa bakuning waton para mardi anggènipun ngêtrapakên têmbung kasatriyan. Mila makatên, awit sandeyaning manah kula, sanadyan ngakathah sampun sami nyandhang saha ngêcakakên têmbung wau, manawi bakuning waton botên manunggal, sisip sêmbiripun, upami tanêman makatên, sagêd mahanani undhuh-undhuhan woh ingkang araos pait lan gêtir. Tumraping panggulawênthah tuwin panuntun bôngsa, sagêd mahanani babaran satriya sami arêbat biyada wontên satêngahing margi, jalaran sami ngêngkoki kasatriyanipun ingkang beda dhasar sarta kayakinanipun (eman-eman).

Sadèrèngipun wontên katêranganipun para sarjana, sanadyan catho-catho, kula piyambak inggih kapengin badhe nlusur lênggahipun têmbung kasatriyan wau. Nanging badhe angsal-angsalanipun gagapan kula punika, tangèh lamun sagêdipun nyakêti dhatêng kalêrêsan. Jêr nitik têbaning pasêmon ingkang sami migunakakên têmbung kasatriyan wau, sajakipun mêngku suraos ingkang ingkang lêbêt sarta jêmbar. Kula piyambak mila dèrèng mangrêtos: kasatriyan punika têmbung Jawi lugu, punapa têmbung Sangskrit. Mila tlusuran kula ing ngriki, saèstunipun namung badhe wujud: udharan. Liripun makatên:

Manawi kasatriyan punika saking têmbung aran: satriya, dipun atêr-atêri ka lan panambang an, dados rimbag bawawacaka, atêgês panggenanipun para satriya. Lah sapunika, satriya punika punapa.

Gêthok tular ujaring pawartos, ing pranatan agami Buda, wontên têmbung-têmbung: brahmana, satriya, wesya, sudra. Satunggal-satunggalipun, inggih punika sêsêbutan darajating pangkat kamanungsan ing agami Buda. Dene wujudipun: Brahmana, inggih punika darajat ingkang inggil piyambak, awujud paratapa ingkang sampun mêngkêr saking kamelikan ngamal kadonyan.(tumrap ing tanah Bali sarta Lômbok, manungsa ingkang makatên punika sinêbut: pêdhandhê. ragi mèmpêr kalayan têmbung: pandhita).

--- 1363 ---

Satriya inggih punika para putra santananing nata ingkang sami ulah kaprajan, inggih angayomi para kawulaning nata lan praja, inggih rumêksa bumi kalairanipun. Sadaya wau ringkêsanipun, nama ulah kaprajan.

Dados yèn makatên, manawi têmbung kasatriyan wau dipun angge namaning pawiyatan ingkang siswanipun para putra santananing panjênêngan dalêm nata, kados kagungan dalêm pamulangan Kasatriyan ing Surakarta Adiningrat punika, inggih sampun nama mungguh. Mungguhing kabudan, kosok-wangsulipun, pamulangan ingkang siswanipun botên awarni makatên, kêdah botên wênang ngangge nama kasatriyan.

[Grafik]

Burisrawa.

Makatên punika têmbung kasatriyan ingkang katandukakên atêgês panggenan. Sapunika kasatriyan ingkang katandukakên dhatêng watak. Nitik jêmbaring pasêmon ing kalangan panuntun bôngsa tuwin pamardi siswa, panganggenipun têmbung kasatriyan ing ngriku, suraosipun kasatriyan punika lajêng dados têmbung entar (botên atêgês panggenan utawi dunung, nanging kenging kasambut ingkang asuraos sanès. Inggih suraosing watak wau). Sapunika, watak kadospundi ingkang kenging sinêtut:sinêbut. watak kasatriyan punika, prêlu dipun padosi katêranganing lênggahipun.

Sanadyan namung wêwaton grayah-grayah, ing ngajêng kula sampun andumuk, bilih satriya punika putra santananing nata. Sagêdipun ragi gandhèng kalayan bab dumukan wau, ing ngriki kula lajêng kapêksa anggambarakên kalih golonganing satriya, mêndhêt saking cariyos padhalangan, kados ing ngandhap punika:

Sang Dursasana, Burisrawa, Indrajit, Trikaya, punika inggih putraning nata, inggih santananing narendra. Dados inggih têtêp nama satriya.

Sang Arjuna saha Sang Lêgawa (Ramawijaya) punika inggih putraning nata, inggih santananing narendra. Dados inggih satriya. Badhe kasambêtan.

S. Hars.

--- 1364 ---

Kagunan Jawi

Gêndhing Jawi.

Kula nuwun, manawi ngèngêti angèling panggarapipun têmbang agêng punika, pangajêng-ajêng kula para sadhèrèk saha ingkang kasdu anggilut kagunan punika sami karsaa anguri-uri, anggêgêsang mêncarakên kagunan Jawi sampun ngantos ical larinipun, sagêda têtêp dados rêrangkènipun kagunan lagu Jawi ingkang sapunika taksih kagêm panjênêngan dalêm nata ing Surakarta.

Amila kula sasagêd-sagêd badhe urun karangan bab lagu Jawi, sêkar macapat saha sêkar dolanan ingkang mawi kaênut. Wondene panjurung kula namung sawatawis kados ing ngandhap punika.

Sêkar agêng Wanamrêgi, pelog pathêt 6, lampah 5.

[Notasi]

Sêkar agêng Puksara, pelog pathêt barang, lampah 5.

[Notasi]

Sêkar agêng Giyanti, pelog barang, lampah 5.

[Notasi]

Sêkar agêng Binaya, slendro pathêt 9, lampah 6 pêdhotan 2-2.

[Notasi]

Dolanan, slendro pathêt 9.

[Notasi]

Dolanan, slendro pathêt 9.

[Notasi]

Wasana manawi para êmpu taksih nganggêp lêpat, kula suwun mugi kaparênga suka katrangan dhatêng kula, badhe kula tampi kalayan bingahing manah kula.

R.M. Wirasiwaya.

Kamlayan, Surakarta.

--- [1365] ---

[Iklan]

--- 1366 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Bab Wetanan lan Kilenan.

I

Petruk: Wah, Kang Garèng, angèl anggonku arêp nyôndra panganggomu sapisan kiyi, katone mula iya brêgas têmênan. Saupama sadhuwuring cangkêmmu sing sing wujude kaya terong glathik bênggala, diurutake digawe kaya canthelan topi sathithik, awakmu diulur sadhêpa manèh, sabanjure ditambali kasur rong dhacin, kiraku iya wis mathuk bangêt saupama banjur dibênuma dadi: kangjêng tuwan dhirèktur ... tlèdhèk kêthèk.

Garèng: Pancèn iya kurang ajar ora gênah têmênan, ana rumasaku brêgase sangalam donya prasasat tak êpèk kabèh, kathik dipadhakake panggêdhening tlèdhèk kêthèk, sasat mung arêp ngunèkake kaya mandhoring kêthèkane. Nanging wus lumrah mungguhing Petruk kuwi, atine banjur andadak panas, dene ora bisa nyandhak marang brêgas lan bagusku kiyi. Kôndhaa sabarèse bae, apa panganggo sing mangkene kiyi kurang brêgas.

Petruk: Pacakan sing ngono kuwi pancèn iya brêgas têmênan, wong iya anggon-anggon kalane lagi pista gêdhe, ya anggon-anggon sing kaya ngono kuwi sing diarani: dhinê jakèt (dinner jacket) nanging brêgase kuwi iya tumrap bôngsa kulonan. Nèk tumrape wong saaku-kowe, nganggo-anggo sing kaya ngono, sing akèh-akèh sok banjur kaya wong ilang, malah yèn ora kabênêran, sok bisa kalakon lali: sing momong. Nanging yèn sing nganggo bôngsa kulonan, pancèn iya katon brêgas têmênan.

Garèng: Kowe kuwi pancèn wiwit biyèn mula anggone mung arêp ngalêm bae karo bôngsa kulonan, kok kandhakake: mêngkene apik, mêngkono brêgas, dalasan jêjogedan kêkêp karo sing dudu akrabe, iya kok arani pantês, nanging nèk bangsane aku, malah bôngsa wetanan umume, banjur bae anggonmu nacad utawa nyaru: kaya wong ilang, kaya wong gondhol wewe, malah kowe mêntala ngunèkake patrape lanang lan wadon: êpring padha êpring, mas, pêlêm lalijiwa, nyenggol padha nyenggol, mas, jare ora papa ...

Petruk: Wiyah, wiyah, kok banjur kêdawa-dawa mangkono. Lo, kuwi kowe nèk arêp wêruh bedane wetanan lan kulonan.

Garèng: Mêngko sik, Truk, aku tak takon dhisik. Sanyatane mono tumêkane saiki [sai...]

--- 1367 ---

[...ki] aku rak isih bingung bae, ing bab wetanan lan kulonan kuwi. Apa sabab kulonan kuwi asale saka tanah kulon, lan wetanan saka tanah wetan. Nèk mêngkene katêrangane, rumasaku wis ora mathuk bangêt karo kaanane: ilmu bumi. Sabab miturut kawruh iki, jagad kuwi bundêr mèh kaya êndhog pindhang, nèk pancèn mula bundêr, têmtune rak iya wis salah wèsêl babar pisan kang disêbut: wetanan utawa kulonan kuwi. Awit mula iya nyata jagad Asiah, kang uga kalêbu tanahe dhewe kiyi, prênahe pancèn ing sawetane jagad Eropah, dadi saupama tanah Asiah sauwonge banjur diarani: tanah lan wong utawa bôngsa wetanan, kuwi kêna tak upamakake sêga liwêt diadoni gudhêg, pancèn iya mathuk awit ing kono aku bisa ngarani tanah lan wong Asiah kuwi, tanah lan bôngsa sawetane tanah Eropah. Nanging saikine tanah Amerikah, iki dununge ana ing sawetane tanah Asiah, genea wong-wonge ora diarani: wong utawa bôngsa luwih ngetan manèh, nanging kok malah diarani: bôngsa kulonan. Banjur tanah Ostrali kuwi dununge ana ing kidul, wong-wonge kok ora diarani: uwong utawa bôngsa kidulan, kok uga disêbut, uwong utawa bôngsa kulonan. Hara, anggonku anggagas bae kêpriye, apa wujud lan kêkulitane sing kanggo milah-milah antarane bôngsa kulonan lan bôngsa wetanan, upamane bae mangkene:

Bôngsa kulonan: dêdêg piadêge upama wayang mono, iya buta-buta kae, dadi: bênêr awake gêdhe dhuwur nanging angglombroh, tandang solahe: kau mêtêku, kulitane kaya kèju, nèk sing kêrêp pêpanasan, kaya: bêstik sêtêngah matêng. Irunge dawa kaya bêdudan, mripate siwêr anyôndramawa, lan sapiturute.
Bôngsa wetanan: dêdêg piadêge sêdhêng, nèk pangawake gagah: anyêncaki, nèk pangawak alus, ngabimanyoni. Tandang solahe gandês, kèwês, luwês, sêdhêp. Kulitane: nèk ora ngulit langsêp iya: irêng gula jawa, manise ulêng-ulêngan. Irunge irung sunthi amêrak ati. Mripate anjait, agawe lap-lapaning pikiran.

[Grafik]

Petruk: Ora, Kang Garèng, anggonmu anggambarake bôngsa kulonan lan bôngsa wetanan iki têka ora adil babar pisan mangkono.

Garèng: Lo, iki mung murih gamblange bae, Truk, nèk mung wujud, kêkulitan lan solah tingkah sing kanggo waton anggone arêp ngarani: bôngsa kulonan utawa bôngsa wetanan, [wetana...]

--- 1368 ---

[...n,] genea bôngsa Turki, kang wujude ora beda karo bôngsa Walônda lan bôngsa Eropah liya-liyane, tur nagarane sabagian gêdhe iya ana ing jagad Eropah, mèlu diarani: bôngsa wetanan. Apa sabab bôngsa Turki kuwi ambune ora tuntung mêrtega utawa kèju.

Petruk: Hara, Kang Garèng iki nèk wis ngomong rak banjur kêlantur-lantur mêngkono. Wah, anggonku mangsuli iki rada dawa, Kang Garèng. Luwih dhisik sing arêp tak kandhakake asale ana unèn-unèn: tanah utawa bôngsa kulonan, apadene: tanah utawa bôngsa wetanan. Mungguh sanyatane sing awèh jênêng mula bukane iya pancèn bôngsa Eropah, kang mula bênêr tanahe kaprênah sakulone jagad Asiah. Jalaran saka iku banjur nyêbut tanah lan bôngsane dhewe: tanah lan bôngsa kulonan. Kosok baline nyêbut nyang tanah lan bôngsa Asiah, tanah lan bôngsa wetanan. Bôngsa Amerikah utawa bôngsa Ostraliah, uga diarani: bôngsa kulonan, kuwi sababe ora liya: bôngsa loro mau pancène mono iya bôngsa Eropah kang turun-tumurun padha dumunung ana ing Amerikah lan ing Ostraliah. Dene mungguhing bôngsa Turki, sanadyan tanah wutah gêtihe ana ing Eropah, wujud lan kêkulitane iya kaya wong Eropah, ewasamono mêksan ora diarani: bôngsa kulonan, nanging bôngsa wetanan, iki kiraku sabab saka agamane agama Islam, kang wusanane adat tatacarane, apadene kasusilane cara bôngsa wetanan dêlês.

Garèng: Wèh, dadi cêkak aos, sing kanggo pathokan, iki bôngsa kulonan, iki bôngsa wetanan, mung adat tatacarane, apadene kasusilane. Ora, Truk, aku saiki arêp takon dhisik, ing sarèhne ana bôngsa kulonan, bôngsa wetanan, apa ora ana bôngsa kidulan lan bôngsa loran, yaiku bôngsa-bôngsa sing dununge ana ing saêlore utawa sakiduling jagad, karêpku ing kene, mêsthi bae jagad Eropah, awit lumrahe sing digawe waton iya Eropah.

Petruk: Tanah-tanah kang dununge ana ing salore utawa sakidule tanah Eropah, pancèn iya ana, tur iya ana wong-wonge, kaya ta: ing salore tanah Eropah, yaiku: Grunlan (Groenland), wong-wonge jênêng: bôngsa Èskimo, dene sakidule tanah Eropah, tanah Aprikah upamane, wong-wonge warna-warna, kaya ta: bôngsa Mêsir, bôngsa Maroko, bôngsa Ngabêsi, bôngsa sing ... wuda blêjêt. Bôngsa lor, iya bôngsa Èskimo mau, ing sarèhne ora pati ambêjaji, iki kanggone kacamripate bôngsa Eropah, ana ing dunya pasrawungan iki, banjur prasaksat ora kocap babarpisan. Dene bôngsa Mêsir, bôngsa Algir, Maroko, lan sapanunggalane, bokmanawa sabab bôngsa-bôngsa mau umume agama Islam, banjur dipukul gambang sama rata: bôngsa wetanan, liya-liyane ora pati kêcrita.

--- 1369 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKI

Linton dagangan. Wontên pawartos saking nagari Walandi, bilih nagari Walandi aprajanjian kalihan Denemarken badhe lêlintonan pamêdal, Denemarken tumbas kopi kathahipun 1.5 yuta krone, dene nagari Walandi tumbas sêmèn 50.000 ton. Kopi wau asli saking tanah ngriki.

[Grafik]

Gambar pasarean. Inginggil punika gambar pasarean dalêm suwargi Sultan Hamangku Buwono I, ingkang samangke wontên ing Museum Java-Instituut "Sono Budoyo" ing Ngayogyakarta.

Motor mabur alit ingkang badhe kadamêl ingriki. Sawatawis dintên malih, badhe wontên motor mabur alit saking nagari Walandi. Motor mabur wau damêlanipun N.V. Koolhoven Vliegtuigen ing Waalhaven, ingkang kangge ing tanah ngriki. Awit saking rêrigênipun Droogdok Maatschappij Tanjungpriok, motor mabur wau badhe kacobi wontên ing tanah Jawi. Salajêngipun badhe kadamêl wontên ingriki, rêginipun mirah.

Kadurjanan kajêng. Veldpolitie ing Walikukun mêntas nindakakên papriksan griya-griya dhatêng dhusun Jênar tuwin Sragèn, amargi griya-griya ingkang kapriksa wau kadakwa kanggenan kajêng pêtêng. Ingriku griyanipun tiyang nama Martoprawiro pinanggih wontên kajêngipun balok cacah 170, panjangipun 3 m. tuwin blabag 70 lêmbar. Kajêng-kajêng wau asli saking wana Houtvesterij Walikukun. Salajêngipun dados papriksan.

Timah tumrap Italie kandhêg pangintunipun. Kala Minggu kêpêngkêr wontên timah kathah ingkang badhe kakintunakên dhatêng Italie. Nanging botên saèstu kakintunakên, amargi gêgayutan kalihan wontênipun pêrang Italie kalihan Ngabêsi, kalampahanipun kakintunakên ngêntosi katrangan saking Volkenbond. Ing sadèrèngipun punika, sampun wontên timah ingkang kakintunakên dhatêng Italie.

Kêkirangan toya. Wontên pawartos, nalika ing Bangil wontên ajar-ajaran pêrang, toya leiding ingkang asli saking Surabaya botên nyêkapi, amargi panganggenipun toya ing Surabaya langkung kathah. Kajawi punika ing salêbêting gemeente indhakipun tiyang ngangge toya kathah sangêt, kabêkta saking hawanipun sakalangkung bêntèr.

Kuli-kuli Deli. Wontênipun kuli-kuli ingkang dipun dhatêngakên dening Veda wiwit Januari dumugi Sèptèmbêr 1935 pinanggih saya kathah. Tumrap Sumatra Pasisir Wetan wontên kuli jalêr 5736, èstri 4350, lare 4830. Dene ingkang wangsul, jalêr 2109, èstri 1693, lare 1260. Mirid pêpetangan punika cacahing kuli malah mindhak.

Panumbasipun tosan rosokan saya mindhak. Sampun sawatawis dangu Jêpan kathah anggènipun tumbas tosan rosokan saking Lampung, Palembang, Padang tuwin sanès-sanèsipun. Sampun sawatawis dintên, kapal "Cinegara" gadhahanipun J.C.J.L. bidhal saking Tanjungpriok ambêkta tosan rosokan 40 ton, katumbas dening Asiatic Trading Coy ing Jêpan.

Anggêgana ngangge motor mabur alit. Juru anggêgana sport Tuwan Beck sampun anggêgana saking Surabaya dhatêng Bêtawi, tuwin saking Bêtawi dhatêng Bandung namung ngangge motor mabur alit "Avion". Anggèning anggêgana punika pêrlu kangge ngatingalakên, bilih anggêgana punika ugi sagêd kalihan motor mabur alit.

Griya sakit lepra. Pandamêling griya sakit lepra ing Bêtawi sampun mèh rampung. Pamanggènipun kaprênah sawingking wascherij C.B.Z. Ingkang damêl rancangan Ir. Van Gendt, pangagêng 's Lands Gebouwdients, waragadipun mêndhêt saking Wilhelmina Jubileum Stichting, kathahipun f 25.980.- Ingkang dados directeur Dr. P.H.J. Lampe, kanthi punggawa 10.

Sanatorium T.B.C. ing Jawi Têngah. Wontên pawartos, Petronella hospitaal ngêdêgakên sanatorium ing Jawi Têngah, manggèn ing Kaliurang, Ngayogya. Tiyang sakit ingkang dipun upakara wontên ingriku sagêd 150, kapetang manawi radin-radinipun ngawan wulan. Jêmbaring panggenan 2½ bau. Inggiling papan 615 m saking lumahing sagantên. Sanatorium wau ngajêngakên rêdi Mêrapi. Jalêr èstri kapisah griyanipun, satunggal-satunggaling griya isi tiyang 25. Rantamaning waragad f 25.000.-

Bank pêkên ing Pêkalongan. Burgermeester Pêkalongan gadhah sêdya badhe ngawontênakên bank pêkên, pêrlunipun kangge mitulungi tiyang sêsadean supados botên kenging dayaning lintah dharat. Sarêng sampun tumindak, pinanggihipun sae. Salajêngipun badhe nindakakên ing sanès panggenan. Caraning nyambut, tumrap arta f 2.50 nicil kaping 65, sadintên 4 sèn. f 5.-, nicil 8 sèn sadintên. f 7.50 nicil 11 sèn sadintên, f 10.- 14 sèn sadintên. Manawi pambayaripun cidra, kadhêndha sacicilan. Ingkang dipun wastani mbayar botên lêrês, manawi lowong ngantos 10 dintên, salajêngipun botên angsal nyambut malih.

--- 1370 ---

Pulisi clana cêkak. Ing Sêmarang sampun wontên pulisi cacah 120 sami ngangge clana cêkak. Pangangge punika badhe kacobi salêbêtipun 6 wulan rumiyin. Kajawi clana, pangangge sanèsipun botên ewah. Ing sanès panggenan ugi badhe nindakakên cobèn-cobèn makatên.

Botên saèstu boyong dhatêng Lampung. Ingajêng wontên pawartos, residhèn ing Cirêbon badhe ngawontênakên boyongan têtiyang saking Cirêbon ingkang kamlaratan dhatêng Lampung. Nanging bab wau sarêng sampun katimbang matêng, lajêng kasandèkakên. Sandenipun wau amargi saking kajênging têtiyangipun piyambak, sami ngrumaosi botên kuwawi nyambut damêl wontên ing Lampung. Nalika katiti, sabên tiyang 10 ingkang sagah namung 1. Mila lajêng kasandèkakên.

Pakêmpalan Mata Mêrah. Wontên pawartos, ing Sêmarang wontên pakêmpalan nama Mata Mêrah. Bab punika sampun kamirêngan ing pulisi. Pakêmpalan wau gadhah pang-pang ing tanah Jawi.

Jampi saking dhukun mawa racun. Tiyang nama Ani ing dhusun Pêtukungan, Cilêduk, nêdha jampi gatêl dhatêng dhukun nama Sa'aba. Ani dipun sukani jampi sarana dipun ombe. Sadumugining griya sarêng jampi kailing ing cangkir, katingal umob, kadosdene carbid dipun mori toya. Ingriku Ani ajrih ngombe, lajêng dipun pasrahakên pangagêng dhusun. Sarêng kapriksa doktêr, jampi wau têtela mawa racun, sagêd adamêl tiwasing tiyang. Salajêngipun dados papriksan pulisi.

Malaria ing Tanjungpriok. Miturut pawartos, ing Tanjungpriok, Bêtawi kathah tiyang ingkang katrajang sêsakit malaria. Sêsakit wau sabên taun indhakipun saking sakêdhik. Ing bab punika kawontênakên rêrigên minangka panyêgah tumrap têtiyang ingriku utawi kapal-kapal ingkang labuh. Kala ing wulan Sèptèmbêr katingal indhakipun, nanging ing sapunika sampun suda, kintên-kintên tumuntên ical. Tuwuhing sêsakit wau wontên ing kampung Koja tuwin kampun Unie. Wijining sêsakit kakintên saking rawa-rawa tuwin tambak-tambak ulam ing sisih wetan, botên saking Tanjungpriok.

Badhe ngadani pabrik srutu. Kawartosakên, Tuwan B.J. Baars, directeur inggih ingkang anggadhahi pabrik srutu Victor Hugo ing nagari Walandi dhatêng ing Bêtawi. Dhatêngipun tuwan wau pêrlu nyatakakên punapa ing tanah ngriki kenging dipun dêgi pabrik srutu ingkang sami kalihan wêdalan nagari Walandi. Bab punika pinanggih taksih janggêlan, amargi wontêning srutu ingkang sae yêktos, punika pandamêlipun dipun linting tangan, mangka hawanipun ingriki botên nocogi.

Nanggulangi sêsakit mripat ing Palembang. Ing Palembang wontên rêrigên nyêgah tumularing sêsakit mripat nama "staarblindheid". Tumindakipun kaangkah kanthi waragad ingkang irid. Doktêr ingkang tumindak ambêdhèl, para punggawa sanèsipun sêsorah dhatêng sanès-sanès panggenan. Para punggawa ingriku sami angsal wulangan babagan sêsakit wau. Rêrigên punika saya dangu saya majêng. Gunggungipun tiyang ingkang jêjampi wontên 7000. Têtiyang ingkang sami dipun upakara wau sampun sami rêkaos, manawi sagêd saras, tamtu saya pitados dhatêng pitulunganing doktêr.

B.V.M. Karibêdan. Wontên pawartos, B(ataviaasche) V(erkeers) M(aatschappij) anggadhahi usul pados sambutan kangge sawatawis wulan, tuwin usul ngandhapakên prabeya. Ing salajêngipun pakaryan wau dipun têrusakên punapa botên. Manawi nyata botên sagêd nglajêngakên, supados kaliyêr Gemeente, kintên-kintên rêrêgèn f 250.000.- Nanging tumraping Gemeente purunipun namung rêrêgèn f 173.000.-

Guru selat dipun begal. Tuwan Tjie Kie Liang, guru selat ing Cirêbon, nalika wangsul mêntas ngajari selat saking Sindanglaut wanci dalu, wontên margi autonipun mogok, lajêng dipun dhatêngi têtiyang tiga nêdya ambegal, nanging wusananipun sadaya sami mlajêng. Begal wontên ingkang kêcêpêng, tilas jongos Tiong Hoa Hwee Koan Sindanglaut.

Damêl wana enggal. Provincie Jawi Kilèn nyadhiyani arta f 10.000.-, pêrlu badhe kangge andandosi wana ing Maja, Cirêbon kidul, jêmbaripun 2000 ha. Kajêngipun, supados kabêtahaning irrigatie sampun ngantos risak.

EROPA.

[Grafik]

Kapal ingkang ngêwrat wadyabala. Inginggil punika gambaripun wadyabala Itali punapadene sadêdamêlipun pêrang, nalika minggah dhatêng salah satunggaling kapal wontên ing palabuan Napels, badhe pangkat dhatêng Ngabêsi.

--- 1371 ---

Wêwaosan

Wangsulipun Tarsan.

Piridan saking buku karanganipun Tuwan Edgar Rice Burroughs.

48

Sakêdhap pandhita èstri nyawang dhatêng Tarsan sêmu ewa saha lajêng wicantên makatên: Sampun dados kuwajibanipun gêgununganing pandhita èstri, kêdah anyinau lan sagêd anêrangakên dhatêng dhawuh-dhawuh lan pranataning agaminipun. Nanging ing ngriku botên dipun wajibakên, kêdah pitados dhatêng pranatan utawi dhawuh-dhawuh wau. Awit bilih saya kathah sêsêrêpanipun mênggahing agami wau, saya suda kapitadosanipun. Ing môngka botên wontên satunggal kemawon mahluk ingkang paham sayêktos dhatêng agami ngriki punika, kajawi kula piyambak.

Tarsan: Dados anggèn panjênêngan ajrih paring pitulungan dhatêng kula punika, botên sabab ajrih saking agami panjênêngan, nanging jalaran ajrih bilih kadêngangan ing tiyang anggèn panjênêngan kirang pitados dhatêng agami panjênêngan piyambak

Gêgununganing pandhita èstri: Inggih pancèn makatên punika. Sabab mênggahing pamanggih kula: tiyang ingkang sampun pêjah punika, inggih sampun pêjah kemawon, botên sagêd damêl awon, lan ugi botên sagêd suka pitulungan barang-barang, amila inggih namung gumantung dhatêng awakipun piyambak. Nanging uwosipun, kula lan panjênêngan punika, kêdah enggal-enggal tumandang, sampun ngantos kadangon. Tumrapipun kula sampun kanthi rêkaos sangêt anggèn kula sampun ngantos kapêndhakan ambêktakakên dhaharan tuwin pangunjukan panjênêngan punika. Manawi tumindak sabên dintên kados makatên, punika anguwatosi sangêt. Môngga samangke sami ambudidaya sagêda lajêng oncat saking ngriki.

Sang pandhita èstri angirit Tarsan lumêbêt ing kamar sangandhaping papan pakurbanan kasêbut ngajêng. Saking ngriku lumêbêt ing salah satunggiling butulan. Jalaran saking pêtêngipun, Tarsan botên sagêd nyumêrêpi butulan ingkang dipun lêbêti wau. Ngantos sadasa mênit dangunipun anggèning tiyang kêkalih sami lumampah ngambah margi butulan ingkang menggak-menggok ngantos dumugi kori ingkang tinutup. Ing ngriku Tarsan mirêng suwara pating karincing, inggih punika suwaraning sorog bêktanipun pandhita èstri, ingkang dipun pilih salah satunggal kangge ambikak kori ingkang tinutup wau. Kori lajêng kabikak anyuwara gumêrot. Salajêngipun tiyang kêkalih wau sami lumêbêt ing kamar ngriku. Ing kala punika sang pandhita èstri awicantên makatên:

Wontên ing ngriki panjênêngan badhe sagêd wilujêng ngantos dumugi benjing dalu.

Sasampunipun wicantên makatên, sang pandhita èstri lajêng kesah, nutup kori, saha lajêng kinancing saking ing jawi.

Papan ingkang kangge kèndêl punika pêtêngipun anggagapi. Dalasan mripatipun ingkang sampun kulina sangêt awas ningali ing pêtêngan, mêksa botên sagêd sumêrêp punapa-punapa. Kanthi ngatos-atos piyambakipun grayah-grayah majêng, ngantos tanganipun sagêd anggêpok tembok. Saking mriku têrus anggrayahi tembok ngupados margi.

Kintên-kintên wiyaring kamar ngriku punika kirang langkung kalih dasa pêcak. Jobinipun atos, tembokipun yasan kadosdene ingkang sampun dipun sumêrêpi tembok ing jawi. Ingkang kangge dhasaring griya sela itêm tinata sae.

Kala sapisan-sapisanipun Tarsan ngurut tembok wau, piyambakipun rumaos nyumêrêpi têtingalan ingkang anèh wontên ing sangajênging kamar ingkang botên wontên jandhelanipun saha namung akori satunggal. Kanthi ngatos-atos piyambakipun anêrusakên anggènipun nurut tembok malih. Anggènipun ngrumaosi sumêrêp kawontênan ingkang anèh wau, kados-kados wontên saèstu. Amila piyambakipun lajêng kèndêl ngadêg wontên ing sangajênging kori. Sakêdhap piyambakipun anjêjêr tanpa ebah, salajêngipun nyalingkêr nisih nêngên antawis kalih pêcak saking ngriku. Sasampunipun nuntên wangsul malih. Saha botên dangu nyalingkêr nisih mangiwa ugi antawisipun kalih pêcak malih.

Tarsan lajêng mubêng anggagapi tembokipun malih, lan anggènipun anggagapi wau klayan dipun pramanakakên sangêt. Ing wusana lajêng wangsul kèndêl angadêg malih wontên ing papan ingkang anuwuhakên pangraosipun wau. Samangke Tarsan ical sêmang-sêmanging pangraosipun, jalaran anyumêrêpi bilih ing lomponganing kamar ngriku, nanging inggih namung saking lompongan ngriku thok, wontên hawa saking ing jawi lumêbêt ing ngriku.

Tarsan lajêng anggagapi sela itêm dhasaring griya ing panggenan lompongan margining hawa wau, ing wusana sagêd manggih sela itêm ingkang gampil dipun angkat. Sarêng sela satunggal wau sampun kenging kaangkat, salajêngipun ugi gampil ngangkati sanès-sanèsipun. Sarêng Tarsan sampun sagêd adamêl bolongan ingkang sawatawis wiyar, lajêng nyobi tanganipun kabrobosakên mêdal ing jawi, saha adamêl gumuning manahipun, dene ing jawi karaos botên wontên punapa-punapanipun.

Salajêngipun Tarsan andumugèkakên anggènipun ambolongi tembok, ngantos piyambakipun sagêd mêdal saking ngriku kanthi

--- 1372 ---

wilujêng. Kanthi ngatos-atos piyambakipun lajêng lumampah ambrangkang ngupados margi. Wusana anjog ing margi ingkang ujug-ujug anjêglong mangandhap. Piyambakipun lajêng anggandhul ing pinggiring kawing lan sukunipun kangge anggagapi dhêdhasar, nanging mêksa dèrèng sagêd kambah.

Amila Tarsan kapêksa wangsul minggah malih, nanging dumadakan ing nginggil kasumêrêpan wontên bolongan alit, saha saking ngriku sagêd kasumêrêpan lintang-lintang ing langit. Sarêng piyambakipun anêrusakên anggagapi tembok malih, têtela bilih adêging tembok wau saya inggil saya ciyut sarta gathuk kalihan sanèsipun saha anjog ing bolongan ingkang katingal lintangipun wau.

Salêbêtipun piyambakipun anggagas kawontênaning butulan saha tembokipun ingkang anèh wau, nyumêrêpi rêmbulan mancêr wontên ing bolongan ngriku, ingkang anjalari papan ngriku wêwah pêpadhangipun sakêdhik. Sanalika ngriku Tarsan lajêng anggraita mênggahing pikajênganipun kamaran wau. Sabab ing ngriku lajêng katingal, bilih jêblosan ingkang dipun gagapi ing sukunipun Tarsan saha botên sagêd dumugi ing dhasaripun, punika katingal kimplah-kimplahing toya. Dados piyambakipun punika, wontên ing ngriku lampahipun dumugi ing êtuk lami, ewasamantên Tarsan mêksa botên mangrêtos punapa-punapa pikajêngan pigunanipun, têka tuk lami wau gêgandhengan kalihan kamar punika.

Sarêng rêmbulanipun wontên sanginggilipun lêrêsing bolongan, ing lêbêting papan ngriku lajêng katingal padhang. Ing ngriku sangajêngipun Tarsan lêrês katingal wontên tembok ingkang bolong. Ing batos Tarsan lajêng angunandika: Apa bolongan iki kira-kira dudu sawijining dalan butulan, kang kêna dak wêtoni lan sabanjure aku bisa oncat saka ing kene.

Tarsan wangsul malih prêlu anglêrêsakên sela-selaning tembok ingkang sami dipun angkati wau. Jalaran saking kandêling balêdug, Tarsan lajêng anggadhahi gagasan, sanadyan têtiyangipun ngriku piyambak têmtu botên anyumêrêpi, bilih ing ngriku wontên butulanipun, lan ugi katingalan, bilih ngantos pintên-pintên atus taun botên nate kaambah ing tiyang.

Sarampungipun anggèning mangsulakên sela-sela ingkang dipun angkati, Tarsan lajêng wangsul malih dhatêng papan ing ngajêng. Sarèhning wiyaring longkangan ing ngriku kintên-kintên namung gangsal wêlas pêcak, amila tumrapipun Tarsan inggih botên badhe rêkaos saupami nêdya oncat malumpat saking ngriku. Botên watawis dangu Tarsan dumugi ing trowongan ingkang ciyut, saking ngriku Tarsan tansah angatos-atos lampahipun, awit kuwatos manawi ngantos kajêgur ing papan kados ngajêng.

Sarêng lampahipun kintên-kintên angsal satus pêcak, lajêng dumugi ing undhak-undakan mangandhap ingkang pêtêng sangêt. Sarêng mandhapipun ing undhak-undhakan kintên-kintên angsal satus pêcak, lajêng ngambah tarowongan ingkang radin, wusana anjog ing kori kajêng kandêl sangêt ingkang kinancing ing palang santosa sangêt. Wontênipun kori agêng wau, nuwuhakên pangintênipun Tarsan, bilih punika mêsthi korining butulan ingkang sagêd anjog ing jawi. Sabab, nitik wontênipun palang-palanging kori, anêdahakên bilih ing ngriku sampun pantog, botên wontên jêbusanipun malih, kajawi ta manawi ing ngrikanipun punika satunggiling pakunjaran.

Palang-palanging kori wau katingal kandêl sangêt rêrêgêd lan balêdugipun, anandhakakên malih, manawi kori punika sampun lami sangêt botên nate kabikak ing tiyang. Nalika palang-palanging kori sami dipun bikaki ing Tarsan, saha korinipun kaduwa murih mênganipun, suwaranipun pating gêrèt kadosdene tiyang elik-elik ingkang botên purun dipun pêksa. Sakêdhap Tarsan anilingakên, bokmanawi wontên tiyang ingkang mirêng dhatêng suwara ingkang pating gêrot wau, sarêng kasarantosakên sawatawis dangunipun, botên wontên punapa-punapa, Tarsan lajêng anglajêngakên lampahipun.

Kanthi ngatos-atos anggèning anggagapi, Tarsan mangrêtos, bilih lampahipun punika anjog ing kamar agêng, ingkang sakubênging tembok ngriku wontên balabag pintên-pintên ingkang sami agêngipun dipun tumpuk-tumpuk. Balabag-balabag wau cêpênganipun atos sangêt. Saupami botên kathaha makatên, Tarsan têmtu anggadhahi pangintên bilih punika tumpukan êmas, nanging ing sarèhning pintên-pintên kathahipun, dados pangintênipun Tarsan inggih namung balabag limrah kemawon.

Pungkasaning kamar ngriku, ugi wontên korinipun ingkang dipun palangi mawi kajêng saking nglêbêt, ing ngriku Tarsan tuwuh malih gagasanipun, kintên-kintên inggih ing ngriku punika margi jêbosanipun ingkang anjog ing jawi. Ing wusana sajawining kori wau, wontên marginipun butulan ingkang lêncêng, lan sanalika punika Tarsan inggih lajêng mangrêtos, bilih margi wau sampun wontên ing sajawinipun capurining candhi, nanging Tarsan kêbingungan ing manah awit botên sumêrêp badhe dumugi pundi anjoging margi wau.

Kanthi agêng pangajêng-ajêngipun, lampahipun Tarsan ing samangke, sanadyan kanthi ngatos-atos, nanging dipun sêngkakakên. Sasampunipun lumampah angsal satêngah jam, lajêng anjog ing undhak-undhakan ingkang nomêr kalih, ingkang lampahipun minggah. Lampahipun menggak-menggok ngantos antawis satus pêcak, ing wusana anjog ing margi ingkang wujudipun kadosdene jurang, jalaran margi wau kaapit ing pagêr sela karang ingkang inggil. Lintang-lintang ing langit katon cêtha. Dene lampahipun Tarsan minggah, lajêng anjog ing pucaking parêdèn karang. Saking ngriku Tarsan sagêd nyumêrêpi dununging kitha Opar sampun kalangkung kintên-kintên saêpal têbihipun. Sarta ing kala punika Tarsan lajêng angiling-ilingi balabag anggènipun mêndhêt saking kamar agêng kasêbut ngajêng. Anggènipun ngiling-ilingi wau namung sakêdhap saha lajêng anyawang dhatêng kitha Opar malih kalihan garundêlan makatên: Badhe kasambêtan.

--- [0] ---

Budi Luhur

Asmaradana

Dhèk biyèn ana wong miskin / omah ing sawiji desa / omahe atêp wis dhoyong / karan Si Wôngsasêmita / karan anak Pak Cikrak / anake kabèhe wolu / tur isih padha sumêga //

kang rada gêdhe sathithik / iya iku mung Si Cikrak / iku wis kêna dikongkon / ngrewang-ngrewangi wong tuwa / amomong sabên dina / nyapu-nyapu karo ngangsu / golèk kayu kala-kala //

anake kang isih cilik / dina-dina amung dolan / lan ngrusuhi wong tuwane / yèn nuju dolan ing ratan / kêpêthuk wong dodolan / enggal anggone anjaluk / dhuwit marang ing wong tuwa //

yèn wong tuwa anujoni / ora duwe dhuwit sigar / anake nangis anggêmbor / gêgulung kambi gunêman: / bok-êmbok enggal-enggal / sing dodol sêlak lumaku / age êmbok sêlak lunga //

wis lumrahe bocah cilik / ora ngrêti ora ana / wêruhe mung ana bae / yèn anjaluk samubarang / karêpe mêsthi ana / yèn ora olèh agulung / gêmbor-gêmbor mangap-mangap //

sing tuwa atine sêdhih / dene kaliwat cilaka / ngatase dhuwit saêsèn / nganti agawe tangisan / wong pancèn ora ana / najan direwangi gulung / môngsa dadak diwèhana //

utang-utang ora wani / apa sing dijagakêna / kanggo nyaur sesuk êmbèn / mulane najan nangisa / iya amung dijarna / mung sing tuwa ngrasa bingung / ngrungokke tangising anak //

Pak Cikrak watake apik / najan miskine kaliwat / ora gêlêm salah gawe / pèk-pinèk duwèke tôngga / malah yèn nêmu barang / diwènèhake sing ngaku / yaiku sing duwe barang //

Pak Cikrak duwe pamikir / timbang ngêpèk wèke tôngga / angur dijaluka bae / yèn olèh ya padha lêga / lan ora gawe cacad / iya ora gawe nêpsu / marang para tôngga-tôngga //

lan manèh Pak Cikrak kuwi / sênêng têtulung ing tôngga / dadi enthengan baune / tur ora melik opahan / pancèn nêja dêdana / dana sikil karo bau / ngene pikire Pak Cikrak //

sarèhning awakku iki / mlarat ora duwe bôndha / mêsthine ya malah repot / yèn aku anulungana / rupa dhuwit nyang tôngga / awit saka ing mlaratku / ora duwe sêsimpênan //

mula gonku anulungi / ya mung rupa pagawean / yèn ana tanggane repot / dandani omah upama / utawa kasripahan / lan liya-liyane iku / iya wajib tinulungan //

Pêthikan saking sêrat: Cobaning Ngaurip, cariyosipun tiyang mlarat ingkang lajêng dados sugih. Nêngsêmakên. Kenging kangge pêpiridan.

Rêgi ... f 0.35

Wêdalan - Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm.

--- [0] ---

[Iklan]