Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-11, #1805

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1935, #1805
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-01, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1483.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-02, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1484.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-03, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1485.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-04, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1486.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-05, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1487.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-06, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1488.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-07, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1489.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-08, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1490.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-09, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1491.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-10, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1492.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-11, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1493.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-12, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1494.

Ôngka 89, Stu Pa, 12 Ruwah Jimakir 1866, 9 Nopèmbêr 1935, Taun X

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

Mintaraga

Nyariyosakên nalika Radèn Arjuna tapa wontên ing Indrakila, lajêng pininta sraya dhatêng Hyang Endra, kadhawuhan nyirnakakên raja danawa Prabu Niwatakawaca.

Sami-sami cariyos ringgit, Sêrat Mintaraga punika dipun sênêngi piyambak ing ngakathah. Para sêpuh sami kêsêngsêm dhatêng bab kasêpuhan. Para neneman sami kasêngsêm dhatêng pêprênesanipun tuwin ramening cariyos.

Minôngka icip-icip, ing ngandhap punika pêthikanipun:

[Dhandhanggula]

Mangkana Sang Parta matur aris / dhuh pukulun sêmbahing manuswa / pada bathara yêktine / katur jêng sang sinuhun / apan rêke pukulun ugi / sêmbahipun pun Parta / ênggène dumunung / ing mangke ing têmbeneka / sêmbahipun pun Parta datan lyan ugi / kang mumpuni ing sêmbah //

apan sêmbah manuswa puniki / kadi ta angganing tahên ika / ingkang umijil agnine / kang pama tahênipun / inggih pada bathara ugi / kang minôngka agninya / têmah manuswèku / pan tan kawasa anêmbah / myang amuji nênggih kawula puniki / lamun datan anaa //

sihing pada bathara sayêkti / pan jatining manuswa punika / kadi menyak upamine / apan menyak puniku / mêdal saking wong mutêr nênggih / dening ingkang minôngka / wong mutêr satuhu / sayêkti pada bathara / kang minôngka menyakipun kang upami / manuswaning bathara //

Sang Arjuna angastuti malih / byapi-byapaka têgêse ika / byapi wisesa têgêse / byapaka têgêsêsipun / kang misesa puniku nênggih / inggih pada bathara / karan mangkanèku / dening ta pada bathara / sarining cipta amisesa sayêkti / inggih pada bathara //

datan aganal kalamun pinrih / pada bathara tan moring agal / miwah ing ala ayune / karane mangkanèku / dening pada bathara ugi / langgêng ingkang akarya / jagade puniku / apan patine uripnya / lan langgênge orane manuswa iki / apan anèng ing karsa //

karsaning pada bathara nênggih / apan manuswa puniki uga / sakane miwah ulihe / mangke ing têmbenipun / saking pada bathara ugi / pinangkane duk ora / manuswa puniku / ngastuti malih Sang Parta / dhuh pukulun pama manuswa puniki / yèn arsa ngawasêna //

ing pada bathara ingkang yêkti / upama kadi angganing wulan / mimba madyaning wiyate / wontên gatha têtêlu / wadhah tiga punika ugi / kang satunggal si toya / awêning kalangkung / wadhah kang satunggalira / isi toya alêtuh toyanirèki / wadhah kaping tiganya //

kang tanpa isi toya satunggil / sami kadulu dhatêng kang wulan / yêkti wayangan wulane / yèn tumiba puniku / ing wêwadhah ingkang aisi / toya wêning punika / nyata yèn dinulu / têtela rupaning wulan / kang tumiba ing wêwadhah kang aisi / toya lêtuh punika //

wêwayanganing wulan kaèksi / ingkang tumiba anèng wêwadhah / ingkang alêtuh toyane / sami katingalipun / wêwayangan wulan anênggih / nanging datan têtela / sabab toya lêtuh / wondene ingkang tumiba / ing wêwadhah ingkang tanpa isi warih / tan wontên katingalan //

saking botên wontênipun nênggih / wêwayanganing wulan punika / dening wêwadhah suwunge / tanpa isi toyèku / môngka ing dumadi puniki / ingkang minôngka kanya / tahaning suksmèku / ingkang tumiba wêwadhah / toya wêning têgêse ingkang sujanmi / rahajêng manahira //

kang têtêp puji bêktinirèki / ing bathara dening kang tumiba / wêwadhah lêtuh toyane / manuswa kang puniku / ingkang rago manahirèki / kang arêp ora-ora / mring pênêd puniku / wondene ingkang tumiba / ing wêwadhah ingkang tanpa isi warih / manuswa kang mangkana //

ingkang mungkur batharanirèki / kang ngarêpakên marêgi pangan / kang aja kurang turune / ywa towong sahwatipun / nandhang nganggo ywa kurang malih / wong kang mangkono uga / sasat sato tuhu / sato mani namanira / têgêse sato mani puniku ugi / sato wênang pinangan //

karantêne manuswa puniki / botên kadi sami angulaha / maring ing yoga bratane / ya ta malih amuwus / Sang Arjuna malih ngastuti / pun Parta dhatêng pada / bathara satuhu / katêmu dening manuswa / yèn pada bathara kang nêmokkên ugi / punika sayêktinya //

kang wênang lawan kaidhêpnèki / pada bathara dening manuswa / yèn bathara sayêktine / kang mênangakên tuhu / lan kaidhêp têgêse nênggih / pukulun pan tan ana / pangawasanipun / ingkang kawula punika / tan lyan saking jêng pada bathara ugi / pinangkane punika //

Sêrat Mintaraga punika yasan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping tiga. Ing Surakarta.

Têtêdhakan saking Sêrat Kawi Arjuna Wiwaha, anggitanipun Êmpu Kano. Rêgi f [...]

Wêdalan - Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm.

--- [1405] ---

Ôngka 89, Stu Pa, 12 Ruwah Jimakir 1866, 9 Nopèmbêr 1935, Taun X

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1,50 bayaran kasuwun rumiyin botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka ing sawingkinging kantor Palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Tatwawara - Sêmôngka Arab - Kawontênanipun Inggris - Bab Sêrat Tatwawara lan Dongèng Tarsan - Olympiade ing Bèrlin - Bab Wetanan lan Kilenan - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Tatwawara

[Durma]

Drêngki srèi kêrêng bêngis panasbaran / lêngguk cêthil bêsiwit / dhiri ngôngsa-ôngsa / calimut lamlan. melikan / mêntalan tan darbe isin / tumbak cucukan / druwolo lêngus êdir //

iku kabèh lêlara angudubilah / kang luwih bêbayani / ngungkuli kolerah / gampang agawe pêjah / panulare gêgirisi / para sujana / sarjana durung manggih //

ingkang dadi tambane lara mangkana / sanadyan gung binudi / nanging mêksa cabar / sarèhning wus têtela / kongsi mêngko tansah sêpi / judhêging nalar / satêmah padha sêngit //

marang wong kang padha anandhang lêlara / tan gêlêm mitulungi / nora duwe wêlas / malah mung padha ewa / mrana-mrene dèn sigèni / dicap: wong ala / lo têka nyulayani //

marang anggêr-anggêring jagad utama / baya ta samya lali / lamun sipat janma / darbèni kuwajiban / sih-sinihan lan sêsami / ana wong lara / jêbul malah sinêngit //

môngka wong kang wêwatêkane mangkana / iku yèn dèn tingali / lan kaca pranawa / dudu jênêng wong ala / jatine wong lara gaib / wit nyatanira / rohe iku kang sakit //

--- 1406 ---

Bab Tanêman

Sêmôngka Arab.

Ing tanah Jawi Wetan, inggih punika ing salêbêtipun Paresidhenan Kêdhiri, ing ngriku têtiyangipun tani kathah ingkang padamêlanipun nanêm sêmôngka Arab. Dene pratikêling pananêm ingkang sampun kula mirêngakên, lan ingkang sampun kalimrah kados ing ngandhap punika.

Wiji

Ingkang sae kadamêl wiji, inggih punika sêmôngka nomêr 1 saking poking uwit, kapiliha ingkang agêng, sanajan botên agêng sangêt, inggih kenging. Lan malih kêdah ingkang sêpuh sarta kulitipun sêmu pêthak. Pamêndhêtipun wiji, sarana kapêcah, isinipun dipun cuthiki, botên kenging kaêmut, amargi wohipun benjing dados kopyor, dene dagingipun kenging katêdha. Isi wau kêdah kaêpe ingkang ngantos garing. Nanging garingipun botên kenging ngêgèt, saenipun sabên enjing kawêdalakên, sampun ngantos kenging bêntèr sangêt. Manawi sampun garing, lajêng dipun simpêni, kabuntêl ing gombalan utawi kawadhahan ing lodhong, sarana kacampuran awu pêthak, supados botên katêdha ing rêngêt. Môngsakala dipun endhangi kabikak. Manawi katingal têlês utawi kumringêt, kêdah dipun êpe malih. Ing môngsa rêndhêng asring dipun tuwèni. Kintên-kintên sabin jêmbar 100 ru, cêkap ngangge wijining sêmôngka sakawan utawi gangsal.

Siti dalah pananêmipun.

Siti ingkang katanêman sêmôngka punika saenipun ingkang bênthak. Siti pèrèng ingkang pikantuk walêdan lèpèn, utawi siti rawa ingkang garing ing môngsa katiga, kadosdene papan ingkang katanêman sata. Panggarapipun siti, wontên ing wêkasaning rêndhêng, bibar panèn, kintên-kintên wontên ing wulan Mèi môngsa 12. Sêmongka ingkang sae, katanêm ing tanah ngare, ing parêdèn kathah ingkang botên mêsthi tuwuh. Pangolahipun siti ingkang sae sangêt, kaluku mujur lajêng malang, ambal kaping sakawan, ingkang ngantos mawug. Kalanipun mluku sagêda taksih kaduman jawah. Nuntên siti wau dipun kèndêlakên watawis 6 utawi 7 dintên, sawêg dipun larik calon kadhêdhêran wiji. Panglarikipun mujur lajêng malang, lêtipun satunggal, dados wangun pêsagèn, ingkang wiyaripun nyatunggal ru pêsagi. manawi siti ragi cêngkar, cêkap nigang pra sakawan ru. Prêlunipun supados panlosoring wit, botên gathuk, kados pananêming waloh.

Kalêrês trajanganing larikan dipun kêcroh pacul, lajêng dipun kowaki, watawis satêngah kaki, dumugi siti ingkang mawur, nuntên dipun iciri wiji 3 utawi 4, wasana lajêng dipun urugi mawi siti wadhêg.

Wiji ingkang badhe katanêm, kacampuran bubukan banon kalihan gêndhis. Manawi sagêd thukul sadaya, kapêjahan kakantunakên kalih, kathah-kathahipun tigang uwit.

--- 1407 ---

Bibar ulur, dipun sirami. Lêt sapêkên sampun thukul kadosdene ale, dipun sirami malih salajêngipun. Manawi sitinipun garing, kenging ugi dipun sirami wanci enjing, nanging botên kenging kêrêp-kêrêp, kathah-kathahipun dumugining sêpuh namung kasiraman kaping tiga. Amargi tanêman sêmôngka punika botên patos doyan toya. Têdhanipun namung bêntèr kalihan angin, salêbêtipun katanêm, manawi kathah jawah, utawi lajêng wontên jawah dêrês, têmtu lajêng purêt.

[Grafik]

Wit dalah wohipun sêmôngka.

Manawi panlosoripun sampun sasikut, lajêng dipun dhangir. Ing panggenanipun wit, dipun urug sawatawis, nuntên dipun pagêri carang utawi sanèsipun. Anggènipun magêri wau kenging ugi kalanipun wiji sawêg thukul. Panjaginipun sêmôngka punika botên wontên sanès kajawi namung sampun ngantos dipun idak-idak. Ing têgil ngriku samôngsa wontên thukulan ingkang gêsang, kêdah dipun watun.

Umur sêlapan dintên sampun mêdal sêkaripun wali, nuntên pêntil. Sêlapan dintên malih sampun agêng-agêng. Punika kêdah katêngga, sampun ngantos kacolong ing tiyang. Inggih punika yasa pondhok utawi gubug andhap wontên ing têgil ngriku.

Sêmôngka ingkang taksih nèm botên kenging kagêpok, amargi badhe nyuda agênging woh. Manawi sampun satêngah sêpuh kenging dipun tutupi utawi dipun urugi.

Umur tigang wulan sampun sêpuh. Têngêripun manawi sêpuh, inggih punika: kitir utawi sungut ingkang dumunung ing pacêking gantilan sampun garing. Lajêng dipun undhuhi kabêkta mantuk. Pangusungipun sarana kranjang utawi pikulan. Wontên ing griya katumpuk ing ambèn, kajagia sampun ngantos angglundhung utawi kabênthuk. Ingkang kaundhuhan punika sêmôngka ôngka 1. watawis lêt 10 utawi 15 dintên ingkang ôngka 2, ugi sampun sêpuh, lajêng kaundhuhan malih. Manawi sagêd, pangundhuhipun sampun ngantos karumiyinan jawah.

Sêmôngka ingkang sae, kenging dipun lamèkakên tigang wulan utawi langkung, mindhak kumopyor, sarta daginging kulit mindhak tipis. Nanging manawi wontên cirinipun, botên kenging kalamèkakên, kêdah tumuntên kapêcah, amargi gampil pêcahipun. Wujuding ciri: ing pacêking gagang katingal bacêk, utawi wontên plênik ing sanès panggenan, punapa malih bolong.

Sêmôngka sauwit, wohipun ngantos tiga utawi sakawan. Pêpajênganipun ingkang agêng sagêd ngantos sarupiyah, ingkang alit mêsthi kirang saking samantên. [sa...]

--- 1408 ---

[...mantên.] Ingkang sêliran sagêd ngantos saêjun agêngipun, wawratipun ugi ngantos 1/4 dhacin. Dene sabin sabau sagêd gadhah pamêdal kalih atus utawi tigang atus rupiyah. Manawi sampun mangsanipun ngundhuh, lajêng wontên juragan bôngsa Tiyonghwa utawi Jawi, ingkang mêndhêt ngantos kalih utawi tigang cikar. Dados nanêm sêmôngka Arab punika kathah sangêt asilipun, kenging kangge pangupajiwa ingkang mikantuki.

Pamanggih warni-warni.

1. Wontên ingkang gadhah pamanggih, supados wohipun agêng-agêng, pêntil ingkang kawitan dipun cêplès, kakantunakên kalih ing dalêm sauwit. Nanging bab punika dèrèng wontên ingkang nindakakên. Saking cariyosipun: agênging woh wau namung gumantung saking saening siti lan garapanipun.

2. Sumèlèh utawi linggihing sêmôngka wontên ingkang botên mrayogèkakên, amargi manawi taksih nèm kagêpok ing tiyang, sagêd nyuda agênging sêmôngka. Wontênipun benjo punika sampun dhasar, sabab waunipun sampun kenging sêsakit.

3. Wiji ingkang badhe kasimpên kakumbaha rumiyin, ambal ping pitu ingkang ngantos rêsik, sarana kakosèk. Nanging bab punika inggih botên kaprayogèkakên, amargi nyudakakên kêkiyataning wiji.

Sadaya katrangan ingkang langkung jêmbar malih, nyuwuna priksa dhatêng punggawa tani ingkang sampun pinatah, inggih punika: Landbouwconsulent utawi Landbouwvoorlichtingsdienst.

Wirjomartono.

Wara-wara

Ngaturi uninga dhatêng para maos, ing sapunika sampun cêlak lêbaran. Benjing lêbaran wau Kajawèn badhe kawêdalakên maligi isi karangan bab babagan lêbaran, saenipun kaangkah ngungkuli saening Kajawèn lêbaran ingkang sampun-sampun, tamtunipun para maos sampun botên kêkilapan.

Ing bab badhe wêdaling Kajawèn lêbaran wau, redhaksi Kajawèn ugi ngajêng-ajêng panjurung saking sintên kemawon ingkang kaparêng, katampi akir-akiripun wontên ing tanggal 20 Nopèmbêr punika. Dene wêdalipun Kajawèn lêbaran wau wontên ing tanggal 21 Dhesèmbêr 1935.

Kajawi punika, benjing wulan Januari tanggal ênèm, Kajawèn badhe kawêdalakên nomêr pèngêtan, anggèning Kajawèn sampun ngumur 10 taun, ngêwrat babading Kajawèn ing salêbêtipun sadasa taun, ugi ngêwrad gambar-gambaring para ingkang ngarang isinipun Kajawèn. Punika inggih bangsaning Kajawèn adèn.

Ing sarèhning wêkdal punika nglêrêsi môngsa mirunggan ing bab badhe saening wêdalipun Kajawèn, tamtunipun tumrap para ingkang dèrèng dados langganan Kajawèn, lajêng kaparêng sami lêngganan, amargi manawi botên langganan, tamtu badhe kacuwan ing panggalih, dening dèrèng tamtu sagêd mrangguli Kajawèn ingkang kados makatên, wah malih pangêcapipun botên badhe dipun langkungi kathah.

Prayogi dados panggalihan.

--- 1409 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênanipun Inggris.

Ing bab babagan pasulayanipun Itali kalihan Ngabêsi, punika tumrapipun Inggris sakalangkung ngrêgiyêg anggènipun tumut ngraosakên. Mênggah wosipun botên sanès, namung ngrekadaya murih pêrangipun Itali kalihan Ngabêsi lajêng sirêp. Nanging ing sêmu, pambudidayanipun Inggris tansah manggih pêpalang ingkang botên sagêd nyambadani sêdyanipun. Nanging sanadyan angèl utawi rêkaosa kados punapa, inggih mêksa dipun tindakakên, mila pikantukipun malah kados dhapur pasulayan piyambak.

[Grafik]

Wadyabala Inggris nalika numpak kapal badhe pangkat dhatêng pulo Malta.

Ing sapunika para ahli babagan wadya lautan Inggris kalihan Prancis sami parêpatan, prêlu badhe anggêlêngakên rêmbag kangge sangu parêpatan agêng benjing wulan Dhesèmbêr ngajêng, tuwin ugi ngrêmbag ing bab kabêtahanipun piyambak babagan wadya lautan têngah, anêtêpi kados anggêr-anggêripun Polkênbon.

Tumindaking damêl Inggris kalihan Prancis, punika badhe linta-lintu kasantosan ingatasing babagan wadya lautan, upami Inggris ngundurakên kapalipun pêrang, lajêng dipun gêntosi ing kapal pêrang

--- 1410 ---

Prancis, kosokwangsulipun tumrap palabuhan Prancis dipun lêbêti kapal pêrang Inggris.

Kajawi punika Inggris tuwin Prancis sampun ngrancang rêmbag maton ingkang badhe dipun ajêngakên dhatêng parentah Itali. Malah miturut wartos, sayuking damêl nagari kalih wau botên ngêmungakên bab babagan wadya lautan kemawon, ugi babagan wadya gêgana ing lautan têngah, mila lajêng ngudi ing bab prayogining papan panggenanipun.

[Grafik]

Kapal-kapal pêrang Inggris wontên ing palabuhan Gibraltar.

Ing pangintên, wêwahing kasantosan wau tamtu badhe nyuda kawontênaning wadya lautan Inggris ing lautan têngah, nanging nyatanipun botên. Inggris purunipun nyuda dêdamêlipun lautan, manawi sawarnining rêmbag sampun rampung.

Ing bab tindak makatên punika saèstunipun tumrapipun Itali botên damêl katêntrêman, malah angungkat-ungkat manahing kabangsan, nuwuhakên wiji gêthing dhatêng Inggris. Ing Rome lajêng tuwuh wontên arak-arakan, ingkang akajêng botên rêna dhatêng Inggris, wontên tiyang 150 mêcahi jandhela kaca ing satunggiling toko, amargi ing ngriku wontên sêratan mungêl British cloth. Salajêngipun toko-toko ingkang gadhah barang-barang Inggris lajêng sami dipun dhêlikakên. Barang-barang ingkang ciri wêdalan Inggris sami dipun tèmplèki dlancang. Ing ngriku para sudagar ingkang andhatêngakên barang-barang Inggris [Ing...]

--- 1411 ---

[...gris] sami ribêd, amargi sami botên sagêd mêndhêt barang-barangipun ingkang sumimpên ing palabuhan. Lajêng wontên arak-arakaning para sêtudhèn, sami nèmplèkakên sêrat wontên ing tembok, ingkang suraosipun, supados bôngsa Itali ngêmungna tumbas barang-barang wêdalan Itali piyambak.

Kawontênan ingkang kados makatên punika, pinanggihipun namung saya mrèmèn-mrèmèn, gêthingipun bôngsa Itali dhatêng Inggris saya anggarês, sawarnining nama Inggris tumrap ing hotèl, toko tuwin griya pajajanan, sami dipun sirnakakên, kados ta ing Rome wontên hotèl ingkang misuwur nama Eden. Ing ngriku lajêng nuwuhakên pamuring-muringing ngakathah, awit ngrêtos bilih namaning hotèl wau mêndhêt saking namaning ministêr Inggris ingkang dhatêng ing Polkênbon, saha ingkang sapunika botên dipun sênêngi ing bôngsa Itali. Wusana namaning hotèl wau kêpêksa lajêng dipun tutupi. Mrèmèn-mrèmèning raos ingkang kados makatên punika pinanggih saya lêbêt, dalah basanipun pisan, tiyang dipun awisi ngucapakên.

Sarêng cara ingkang kados makatên punika saya ngrêbda, tumrapipun bôngsa Inggris ingkang wontên ing Itali inggih ngraos botên têntrêm, lajêng sumingkir saking ngriku.

Tamtu kemawon tindakipun bôngsa Itali ingkang kados makatên punika tumrapipun Inggris nampi botên sakeca sangêt, nanging ugi taksih kaanggêp pakarti ingkang dèrèng wigatos.

Ing sapunika tumrap rêmbagipun Inggris kalihan Prancis pinanggih saya gêlêng, tumrap janjinipun Prancis dhatêng Inggris saya cêtha, 1. wadya lautan Inggris kenging manggèn ing palabuhan paprangan Prancis ing sagantên têngah. 2. Samôngsa Inggris ngundurakên kapal-kapal pêrang, badhe dipun lintoni kapal pêrang Prancis. 3. Samôngsa Itali nêmpuh wadya lautan Inggris, Inggris tuwin Prancis badhe tumandang sêsarêngan, 4. Ing bab motor mabur kawontênakên prajanjian sami-sami, nanging botên tumônja dados wadya gêgana.

Cêkakipun ing bab pangajêng-ajêng munduripun wadya lautan Inggris ingkang pacak baris wontên lautan têngah, punika lôngka kalampahanipun. Malah Inggris kapara nyantosani, kapal-kapal pêrang ingkang sampun sêpuh, ingkang kalêbêt dados sadhiyan, lajêng dipun angge malih. Ing sagantên têngah sisih wetan, badhe kaêdêgan papan palabuhan kapal pêrang, ing sapunika sawêg rêmbagan kalihan Sêpanyol.

Sayêktosipun tumrap Inggris, kapengin sagêdipun kalampahan wontên padhamèn, nanging padhamèn wau sampun ngantos botên kasumêrêpan dening Nata Ngabêsi. NedeDene. pinanggihing rêmbag ingkang sampun-sampun, botên wontên ingkang maedahi, ewasamantên mêksa taksih dipun udi.

Mirid ubad-ubêding lêlampahan ingkang pinanggih ing Inggris, sêsulakipun saya cêtha bilih pasulayanipun Itali punika badhe ambêbêkta tôngga tapalih. Nanging pinuji sampun ngantos makatên.

--- 1412 ---

Olympiade ing Bèrlin

Mênggahing Olympiade punika para maos botên badhe kêkilapan, inggih punika papan panggenanipun têtiyang ahli ulah raga anggènipun ngatingalakên kasagêdanipun, wêkdal ngawontênakên Olympiade wau, para ahli sawarnining ulah raga saking pundi-pundi kathah ingkang sami dhatêng mriku. Sampun tamtu ing Olympiade wau inggih kathah ingkang sami ningali, malah dipun dhatêngi têtiyang saindênging donya.

[Grafik]

Ing nginggil punika ngêwrat gambaripun papan Stadion Olympiade ing nagari Bèrlin, ingkang nuju kadamêl mèh rampung panggarapipun, kawartosakên botên dangu malih badhe kawiwitan. Mênggah jêmbaripun papan wau sampun katitik, têtela nyadhiyani têtiyang ewon. Saha ing ngriki badhe ngandharakên sawatawis mênggah babad-babadipun wontêning Olympiade ingkang dumugi sapriki tansah dipun ajêngakên miturut kawontênan.

Mênggah wontênipun Olympiade punika wiwit jaman kina sampun wontên, inggih punika ing Eropah, nalika taun 480, sadèrèngipun Gusti Kangjêng Nabi Ngisa miyos, saha nuju Sang Xerxes madêg raja ing Pèrsi, ing Yunani lêr, ing ngriku têtiyang ngunjuki uninga dhatêng sang nata, bilih ingkang dados kasênênganipun têtiyang kathah punika botên sanès namung têtingalan karamean Olympiade. Saha salajêngipun tansah dipun têngênakên sangêt dening têtiyang sapêngkêripun. Wusana dumugi sapriki ing bab wontênipun Olympiade wau dados kawigatosaning ngakathah.

Nitik kawontênaning jaman kamajêngan, ing sapunikanipun nagari ingkang ngawontênakên Olympiade wau, nama taksih pilih-pilih, jalaran ngèngêti padamêlan wau botên baèn-baèn, tur waragadipun botên sakêdhik.

--- 1413 ---

Bab Sêrat Tatwawara lan Dongèng Tarsan

[Dhandhanggula]

Anyarkara masmunira ajrih / dènirarsa ngancik jroning taman / wit manawa sinaruwe / mring pra wasis kang putus / basa Kawi baya ginalih / si pêngung kumabisa / agahan angidung / tan tiba dhongdhing pêksanya / nut sagunging para sarjana kang sami / putus ing rèh kawarja //

nging kapêksa sruning driya kadi / amamêsu budi daya-daya / mrih kabuka pangèsthine / kang dèn èsthi kacakup / anyukupi tan madal sumbi / tumpangsuh ing wusana / nir deya tan pêcus / pantoging budi pinrêsa / wus anandhês kandhas tarabas sirnanting / têmah jarwa walaka //

Kula nuwun sadhèrèk rêdhaksi ing Kajawèn, kula nyuwun pirsa, punapa benjing ing têmbe srat tatwawara sèstu dipun damêl buku. Manawi saèstu, kula gadhah pamanggih, yèn rujuk para sadhèrèk lan dhangan nayogyani, panyithaking buku benjing ing bab uruting têmbang kadadosna satunggal, upami: dhandhanggêndhis, blêbêg ngantos têlas dhandhanggêndhis, kados sae. Dados botên dlêmok cung, sawêg eca andhandhanggêndhis kasêlak santun têmbang sinomipun dhrusul, pangraos kula kirang: mat, botên sagêd gumêlêng pating caruwil. Makatên angkah kula.

Kajawi punika kula nyuwun sêsêrêpan malih, bab cariyos dongèng Tarsan, punapa ing têmbe inggih kacithak buku ugi, awit para anak putu kapranan sangêt, malah sadaya angimpi-impi tumuntêna kemawon enggal kacithak. Amung mugi ngèngêtana jamanipun ing bab rêgi kagaliha ingkang laras, anggêr sampun ngantos tuni, ning inggih sampun bathi kathah-kathah, prêlunipun ngiras nyêbar kadarman dhatêng para ingkang sami kacingkrangan ing kawruh kados pun kula.

Purwana. Ing Natakusuman, Sala.

Wangsulanipun Rêdhaksi

Bab tatwawara dèrèng wontên pamanahan badhe kawêdalakên dados buku. Manawi cariyosipun Tarsan, sawêg kaêcap, sawatawis dintên mêdal.

Pawartos saking Rêdhaksi

Lêngganan nomêr 4190, ing Sêmarang. Prayogi pados sêsêrêpan ing bab ahli babagan punika.

Lêngganan nomêr 4013, ing Bululawang. Punika gumantung saking Bale Pustaka piyambak.

Lêngganan nomêr 1841, ing Gumilir. Prayogi kintuna sêrat malih.

Bab buku

Redhaksi Kajawèn sampun nampèni sêrat Sri Purnama (Babad Lawèt) karanganipun R.M.P. Jayèngkusuma, ing Surakarta, kasêkarakên, ingkang kawêdalakên dening R. Sastrawiyata, ing Badran, Yasarata, Surakarta.

Nyariyosakên Prabu Linggakarang, nata ing Pajajaran. Linggar saking nagari, mratapa dhatêng Rêdi Jambudipa, ing tanah Pêmalang. Lajêng kadhatêngan pangeran, ahli agami Islam saking tanah Cêmpa, nama Pangeran Atasangin. Prabu Linggakarang bantah ngèlmu kalihan Pangeran Atasangin, kawon. Lajêng manjing dados murid. Sasampunipun makatên, lajêng sami dhatêng rêdi Lawèt. Turut margi tansah angrêmbag ngèlmu kasunyatan: bab pamoring kawula Gusti, panjing suruping pati lan sasaminipun.

Sêrat punika andharanipun sae, kenging kangge wawasan tumraping ngudi ngèlmu kabatosan. Bale Pustaka botên sade sêrat punika.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên panuwun.

--- 1414 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Bab Wetanan lan Kilenan

IV

Petruk: Kang Garèng, nitik kayadene sing wis dirêmbug nganti sadawan-dawan mau, rak iya wis cêtha ta, yèn mula nyata: adat tatacara kulonan kuwi gèsèh bangêt karo adat tatacara wetanan. Apa manèh mungguhing salakirabi tumraping lanang lan wadon, wah, hla kuwi bedane saya nyamut-nyamut bangêt. Nèk mungguhing cara wetanan, sanadyan mung sapleredan bae, iya wis cêtha wela-wela, yèn sing dadi kêpala somah kuwi iya: wong lanang. Nanging nèk cara kulonan, rada angèl, Kang Garèng, anggone arêp nitèni: êndi sing dadi kêpala somah, apa nyonyahe, apa tuwane.

Garèng: Wayah, kowe kuwi le ora mèmpêr, Truk, cara êndi-êndia kae, sing dadi kêpala somah, ora kêna ora iya mêsthi sing lanang.

Petruk: Lo, kuwi rak teorine, Kang Garèng, mula iya nyata, sing wajib dadi kêpala somah: wong lanang, nanging praktike, kaanane sing tênan, tumrape cara kulonan, mêksa rada catho-catho saupama arêp ngarani sing cêsplêng, iki sing dadi kêpala somah. Seje karo cara wetanan, lagi wêruh mung sa si-yut, ngono bae, wis bisa nêtêpake: iki kêpala somahe. Sêmono kuwi iya tumrape cara wetanan sing dêlês kae. Aja manèh nganti bisa nêmoni sarta bisa wawan rêmbug, oraa banjur bisa sumurup sanalika, lagi mlaku-mlaku bae, nèk padha sakalihan, tumrape bôngsa wetanan, iya banjur bisa wêruh bae êndi sing dadi kêpala somah.

Garèng: Wèh, rada judhêg anggonku mikir, Truk, nèk cara wetanan miturut kandhamu, banjur bisa andumuk bae sapa sing dadi kêpala somah, nanging nèk cara kulonan, têka nganggo gajêg-gajêg barang. Mara, Truk, têrangna nyang aku.

Petruk: Lo, kuwi mangkene, Kang Garèng, tumrape cara wetanan, luwih-luwih cara Jawa, têgêse: sing isih ngakoni wong Jawa, lan ngakoni anak putune wong Jawa, dadi durung jênêng yangko-yangko, kuwi mungguhing omah-omah, wong wadon nganggêp nyang sing lanang kayadene mênyang sêdulur tuwa, mulane wong wadon nyêbut nyang sing lanang kuwi iya: mas, kakang, kangmas, mamas, ya mas, ya mas.

Garèng: Wiyah, ambok aja nganggo disambi sênggakan mêngkono ta, Truk. Mula iya [i...]

--- 1415 ---

[...ya] bênêr, kanggone wong Jawa, wong wadon nyang sing lanang kuwi panganggêpe kayadene karo sadulur tuwa, upamane bae: kakangne.

Petruk: Mara, apa kuwi karêpe, kang Garèng. Geneya wong wadon nyang wong lanang têka ora dikon nyêbut: pak cilik, siwa, simbah, hla kok: kakang utawa: kang mas. Iki iya mêsthi ana karêpe. Mênyang bapakne cilik, wakne utawa êmbahne, kuwi wajib kudu andhap asor lan ngajèni bangêt, nanging marang wong sing mung disêbut: mas, utawa kakang, yaiku sing mung dipadhakake sadulur tuwa bae, tangkêpe kêna sakêpenake, nanging mêksa iya kudu ngajèni samurwate, dadi karêpe mungguhing wong Jawa, wadon nyang sing lanang kudu nyêbut: kakang utawa kangmas, mau atêgês: wong wadon, ora kêna ora, wajib kudu ngajèni marang wong lanang, nanging iya ora prêlu bangêt-bangêt kayadene karo wong sing kaprênah luwih tuwa bangêt mau.

Garèng: Nèk mêngkono, Truk, lêluhure dhewe kuwi mula iya lêpas bangêt budine. Gumunku anggone wis bisa nata sadurung-durunge kuwi. Kayadene: wong bêbojoan kuwi lanang wadon dipadhakake kayadene kakang adhi, dadi apa-apane iya prasaksat dipadha bae, dadi karêpe: wong lanang nyang wong wadon ora kêna nganggêp sawiyah-wiyah kayadene batur ala bae, sabab sajatine drajate padha. Ora beda karo sadulur tunggal bapa biyung kuwi, kakang adhi dipadha bae. Nanging sarèhne kalah tuwa, adhi kuwi kudu ngajèni sawatara marang kakangne. Mêngkono uga wong wadon nyang sing lanang, iya kudu ngajèni sawatara, prêlune: budine wong wadon kuwi umume ora pati jêmbar kayadene wong lanang, yèn wusanane wong wadon kuwi dipadhakake babarpisan karo wong lanang, sanadyan mung sanyumlik pisan, ora prêlu kudu wêdi utawa kudu ngajèni, mêngko ing sajêroning omah rak ora tau ana piring wutuh têmênan.

[Grafik]

Petruk: Ing sarèhne wong wadon marang sing lanang nganggêp sadulur tuwa, sarta ngajèni sawatara, rak iya banjur cêtha bae, yèn ing sajêroning omah kono iya sing lanang kang dianggêp têtuwane, iya kêpala somahe. Seje karo bôngsa kulonan, Kang Garèng, kuwi angèl bangêt anggone arêp nyêbut: êndi sing dadi têtuwane, dadi: êndi sing dadi kêpala somahe. Basane: lanang wadon mung kowe-kowenan, le padha nyênyêbut, sing lanang ngundang sing wadon, mung: Mari, Mari, bae, sing wadon nyang sing lanang, iya mung: Jakob, Jakob, dadi ana ing kono: lanang wadon katone iya mung

--- [1416] ---

padha bae, ora ana bedane apa-apa ...

Garèng: Apa manèh jaman modhèrên kaya saiki kiyi, Truk, nèk ana ing omah, cara kulonan kuwi, malah wujude bae iya wis ora ana bedane babarpisan, raine lanang wadon iya plinthis kabèh, tur loro-lorone padha gundhul kabèh, malah yèn ana ing omah cara saiki kuwi, loro-lorone padha ... kathokan kabèh (nganggo piyama).

Petruk: Ewasamono bangsane dhewe wis ana sing niru, Kang Garèng. Dupèh nyonyah nganggo anggo piyama (kathokan) klambi katon ayu blengah-blengah, rumasane bangsaku sing tiru-tiru mau: aku iya mêsthi ayu blengah-blengah. Nèk kulite ngulit langsêp mangkono, iya pancèn pantês, ora beda kaya: nyonyah Makao, balik kulitane irêng, wis, nyata kaya wong ... ilang.

Garèng: Iki kowe ora prêlu maido, pancèn wong Jawa kuwi saiki bisane lagi tiru-tiru thok bae. Awakmu dhewe jaganên, Truk, aja nganti mèlu tiru-tiru sakabèhe. Manggon bae ana ing: Jokyawèh, kampung Walônda, kang ora ana wonge Jawa siji-sijia, awas, yèn nganti kêtularan tatacarane ...

Petruk: Saka pangèstumu, aku wis katularan saprakara, Kang Garèng, dadi ing bab kuwi aku wis kaya Walônda tôngga-tanggaku, yaiku yèn kabênêr lagi prêlu, saikine aku wis bisa cara Lônda têmênan, wis ora andhodhok manèh, nanging lungguh ana ing mangkok, Kang Garèng.

Garèng: Wong srêmbana.sêmbrana. Ewasamono iya ora dadi apa, anggêre aja banjur migunakake krêtas layangan bae. Ora, Truk, calathumu ing ngarêp ana saprakara kang aku durung nyandhak, yaiku kang kok kandhakake, lagi mlaku-mlaku bae, nèk sakalihan, sanalika iya banjur bisa ngarani: nèk wong lanang sing dadi kêpala somahe.

Petruk: Lo, kuwi tumrape wong Jawa, Kang Garèng. Kanggone bôngsa Jawa nganti kêna kanggo titenan, saka dêdêg-piadêge bae wis kêna dititit,dititik. yèn wong lanang kuwi ana ing sadhuwure wong wadon, têgêse: wong lanang kuwi kudu dianggêp luwih tuwa tinimbang wong wadon. Seje karo bôngsa kulonan, saupama diunèkake padha sakabèhane, iya wis kêna-kêna bae. Awit dêdêg-piadêge bae wis mêlok, lanang wadon padha bae. Malah tumrape bôngsa kulonan akèh bae sing wadon kaya gunungan gêdhene, nanging sing lanang mung sa ... bêdudan. Seje karo bangsane dhewe kiyi, umume wong lanang mênthimêsthi. luwih dhuwur katimbang sing wadon, sanadyan wong wadon katone gêdhe dhuwur kaya gunungan alang-alang, nanging yèn banjur jèjèr karo sing lanang, sing akèh iya banjur katon dhuwur sing lanang. Hara, apa iki dudu bukti manèh, yèn wong lanang kuwi kudu dianggêp ana ing sadhuwure wong wadon.

Garèng: Wayah, kowe mono, Truk, padune arêp mênang, banjur ana-ana bae sing dikandhakake. Wis, Truk, kaya-kaya wis cukup anggone padha rêmbugan ing bab iki, padha disêtop samene bae. Liya dina padha rêmbugan liya bab bae manèh.

--- 1417 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKI.

Têtêpan padamêlan. Dr. R. Sutarto, katêtêpakên dados wd. Gouv. Arts ing C.B.Z. Bêtawi. R. Sukartolo, ondervoorzitter Landraad ing Serang, Pandeglang tuwin Rangkasbitung, dados ondervoorzitter Landraad ing Banyuwangi, Singaraja, Nêgara, Den Pasar tuwin Mataram (Bali lan Lombok).

[Grafik]

Badhe lèrèh saking kalênggahanipun. Wontên pawartos, paduka Tuwan Hardeman benjing wiwitaning taun ngajêng, 1936 badhe lèrèh saking kalênggahanipun anggèning dados Lid Raad van Indie.

Kapal K.P.M. kangge sadaya. Sampun sawatawis wulan, kapal K.P.M. kathah ingkang nganggur, dipun dèkèk ing Tanjung Perak. Ing sapunika kapal "Bantam" tuwin "Japara" bidhal ngêwrat gêndhis saking palabuhan-palabuhan tanah Jawi. Kajawi punika kapal "Palima" sampun mlampah malih, kangge sadhiyan ngêmot momotan ing mangsa manawi nuju kathah. Ing Makasar wontên copra 30.000 kaki kubiek dèrèng dipun êmot. Kapal "De Weert" tuwin "Van Imhoff" ugi badhe mlampah.

Nieuw-Guinea Petroleum Maatschappij. Miturut pawartos, Tuwan Koops, kaptining kapal "Soedoe" gadhahanipun Nederlandsche Nieuw-Guinea Petroleum Maatschappij, ingkang nuju verlof dhatêng Ambon, wontênipun ing Ambon nyambi pados machinist tuwin stuurman pintên-pintên, badhe kangge lampah layaran ing Nieuw-Guinea. Kajawi punika kantor pitulungan gadhahanipun B.P.M. ugi nampèni tukang-tukang kajêng lan monteur kangge N.G.P.M. ing Babo. Têtiyang wau sampun wontên ingkang bidhal numpak kapal Baud.

Ewah-ewahan prabeya tram tuwin S.S. ing Bêtawi. Pinanggihipun ing Bêtawi lampahing B.V.M. (tram) kirang majêng. Sasampunipun karêmbag, lajêng B.V.M. ngandhapkên prabeya tumrap klas 3. Lampahing tram kaperang dados tigang bagean, sabên sabagean 4 sèn (rumiyin 6 sèn) nanging manawi mlampah 2 bagean namung 6 sèn, 3 bagean 10 sèn. Dene S.S. malah mindhak, kacocogakên kados pêpetanganing B.V.M.

Pangarsa P.B.I tuwin B.O. Sarèhning benjing wulan Maart taun ngajêng punika manawi dipun parêngakên, Dr. Sutomo badhe ngubêngi jagad, tuwin pangarsa P.B.I kadadosakên satunggal kalihan B.O. kintên-kintên pangarsa wau badhe dipun asta K.R.M.M. Wuryaningrat ing Surakarta.

Ulam bosok rêgi f 30.000.~. Ing pasisiripun Nieuw Guinea sisih wetan wontên bangsa Jerman candhak-kilak pamêdal siti. Satunggiling dintên tuwan wau dhatêng pasisir sumêrêp bangke ulam agêng sampun mambêt, lajêng katêngahakên, naging enjingipun wangsul malih. Sarêng badhe kasingkirakên malih wontên bangsa Tionghoa badhe numbas ulam wau, bangsa Jêrman wau bingah sangêt, malah dipun sukakakên kemawon, waton kabêkta kesah saking ngriku. Kalampahan bangke ulam wau kabêkta dhatêng Ambon kawadhahan pêthi. Katranganipun bangsa Tionghoa wau mangêrtos, bilih ulam wau inglêbêt gadhah kanthong isi barang bangsaning lisah wangi nama ambergrijs. Kacariyos ulam wau kasade pajêng f 30.000.-. Salajêngipun dipun sade malih ing Mênado, sagêd angsal indhakan f 7000.-.

Pakêmpalan wados Trêsna-Hati. Ing dhusun Têgal-gabahan (Ngayogya) wontên pakêmpalan wados nama Trêsna-Hati, dipun pangarsani dening tiyang nama Sumodiharjo tuwin kanca sanès-sanèsipun. Ing bab punika lajêng kamirêngan pulisi saha kagledhah, ingriku pinanggih buku rapal-rapal tuwin donga-donga, punapadene suwekan montên mawi ciri cap jêmpol rahipun ingkang dados warga. Ingriku ugi kasumêrêpan dados paguron kadigdayan tuwin gadhah ancas kados adêging pakêmpalan Samin ing Blora. Warganing pakêmpalan wau sampun atusan. Têtêmbunganipun sami ngoko. Wusana lajêng kacêgah ing pulisi.

Papan anggêgana ing Padang. Miturut pawartos, ing Padangsidempuan badhe dipun wontêni papan anggêgana, supados kenging kangge mandhap kapal saking Padang dhatêng Medan. Ingkang punika Plaatselijke Raad badhe tumbas pasitèn Pieterê Sihitang rêgi f 1000.-.

Jor-joran ès lilin. Satunggiling bangsa Tionghoa ing Ngayogya ingkang sade ès lilin Shanghai, anggènipun badhe ngêjori ès lilin sadeanipun ès lilin Fuji. Rumiyinipun Fuji nyadèni 1 sèn satunggal, Shanghai ngêjori 1 sèn kalih. Fuji ngêjori malih 1 sèn tiga, Shanghai anjèjèri sade 1 sèn tiga, Fuji ngêjori malih 1 sèn sakawan, mawi dipun idêr-idêrakên. Wusana Shanghai kawon, dening mêsinipun risak. Fuji wangsul sade 1 sèn satunggal malih.

Nunggilakên pamulangan. Ing Surakarta wontên pamulangan namung kangge para darah kraton, tumrap jalêr nama pamulangan Kasatriyan, tumrap êstri nama Pamardi Putri. Ing sapunika wontên pawartos, pamulangan wau badhe kadadosakên satunggal, gêgayutan kalihan pangiridan.

--- 1418 ---

Manggih barang kina. Controleur Tichelman ing Simelungun manggihakên tabêt-tabêt patilasan kina, bab punika kakintên wontên gêgayutanipun kalihan patilasan kina ingkang pinanggih ing Pasemah.

Sêrat-sêrat post saking nagari Walandi badhe kabêkta K.L.M. Ingkang wajib ing nagari Walandi mêntas ngrêmbag ing bab mandhaping waragad post ing nagari Walandi tuwin bab pambêktaning post saking pundi-pundi ingkang kabêkta K.L.M. Kintên-kintên benjing taun 1937 sadaya badhe kalampahan. Ing bab punika tamtunipun tumrap post ing tanah ngriki inggih gêgayutan rêmbag, saha lajêng ngawontênakên tatanan waragad enggal.

Wanita Tionghoa anggêgana saking Eropa. Nyonyah Thio Gouw Siang, sampun bidhal saking Schiphol (Amsterdam) dhatêng Bêtawi, nyonyah wau wontênipun ing Bêtawi, Bogor tuwin Sukabumi sampun kasumêrêpan ingakathah. Nyonyah Thio Gouw Siang anggènipun kesahan pêrlu ngêtêrakên anak èstri badhe sinau kadoktêran untu. Ing salêbêtipun sataun wontên ing Eropa, lêlana dhatêng Prancis, Inggris, Jêrman tuwin sanès-sanèsipun. Ing sapunika wangsulipun dhatêng tanah Jawi mêdal gêgana numpak motor mabur K.L.M. Wanita Tionghoa ingkang purun anggêgana piyambakan inggih sawêg satunggal punika.

Bab malsu zegel dagang. Ing bab têtiyang ingkang malsu zegel dagang ing Bêtawi, sampun sami dipun ukum. Tindak wau adamêl kapitunaning firma 16, amargi nagari tamtu badhe nagih dhatêng firma wau kathahipun f 25.000.-. Firma ingkang botên purun ambayar badhe kasêrêg ing prakawis. Ing sapunika parentah sampun nêtêpakên, gunggungipun ingkang sampun kenging katagih f 19.945.75. Ing Sêmarang, Surabaya, tuwin Bogor ugi kasumêrêpan wontên tiyang malsu zegel.

Ngindhaki dhukun branak (vroedvrouw). Ing Bêtawi mêntas wontên parêpataning para pangagêng pakaryan Kasarasan. Ingriku ngrêmbag, pêrlu mêwahi gunggunging dhukun branak. Wontênipun makatên, amargi ing sapunika ing bab mitulungi tiyang manak pinanggih saya majêng. Ing sapunika para mantri vervleegster pêrlu kêdah ngêrtos dhatêng padamêlan punika, mila kêdah angsal wulangan. Tindak makatên punika tamtu lajêng ngathahakên wontêning dhukun branak.

Ewah-ewahan lampahing S.C.S. Wiwit tanggal 1 November punika lampahing S.C.S. Sêmarang-Cirêbon tuwin kosok wangsulipun kaewahan, sneltrein ingkang enjing piyambak jam 6.54, kèndêl mèh sabên station. Sneltrein ingkang bidhal jam 10.13 têrus dhatêng Bêtawi, dados bidhalipun langkung siyang. Sneltrein satunggalipun malih jam 1.49. Dene ingkang bidhal saking Cheribon, jam 6.59, 10.47 tuwin 12.41. Sadaya wau sami sneltrein.

Kêkathahên ingenieur. Dumuginipun mangsa punika wontênipun ingenieur wêdalan Delft tuwin Bandung saya kathah ingkang nganggur. Parentah ingkang padatan ambêtahakên ingenieur, sampun gangsal taun punika botên nganggèkakên. Para ingenieur ingkang ênèm-ênèm, sagêdipun angsal panggenan kêdah ngêntosi tumanjanipun para ingenieur ingkang nuju verlof utawi wachtgeld.

Adjunct-Translateur parket P.G. Mas Suleiman, volontair ing Departement Pangrehpraja ingkang manggèn ing Parket Procoreur General, katêtêpakên dados tijdelijk waarnemend Adjunct-Translateur.

Golongan pangajaran purun mikul. Ingajêng sampun kawartosakên, Tuwan Sunyata tuwin Tuwan Sêtia, sami pangajaran, purun tumindak têtanèn wontên ing dhusun Kajangan, Ungaran, kados sacaraning tiyang tani limrah. Tuwan Sunyata wau ugi purun sade wulu-pamêdal dhatêng pêkên sarana mikul. Tuwan Sunyata punika wêdalan Middelbare Landbouw-school, dene Tuwan Sêtia wêdalan A.M.S.

Agèn pulisi dipun sumpah. Ing kantor Kabupatèn Surabaya mêntas nindakakên sumpahipun para agèn pulisi klas kalih, dipun jênêngi ing pangagêng pulisi. Mênggah pêrlunipun kasumpah wau, samangsa pulisi wau dados saksi ing ngarsaning pangadilan, cêkap dipun waosakên palapuranipun kemawon. Dados botên badhe kathah wanci ingkang kabucal.

Eropa.

Madêg karajan malih. Wontên pawartos, nata ing Griekenland ingkang wontên ing London badhe kondur dhatêng praja malih, kantun ngêntosi dhatênging kapal pêrang Griek, konduripun wau badhe kajumênêngakên nata malih. Miturut wartos sarêng kawontênakên pilihan, wontên 98% ingkang nayogyani madêging karajan malih. Malah golongan republiek ing Creta inggih nayogyani. Sarêng kagunggung kêmpal, tiyang ingkang nayogyani adêking karajan malih 1.492.000. ingkang ngajêngi republiek 32.452, wontên 3262 botên sah pamilihipun.

NAGARI WALANDI.

[Grafik]

Tiyang Sugih. Inginggil punika gambaripun Maharaja Patiala ing nagari Indhu, satunggaling tiyang ingkang sugih sangêt, nuju wontên ing Amsterdam ningali barang ing toko mas intên ingkang misuwur piyambak.

ASIA.

Kêmpalan santosa. Sampun sawatawis dangu ing Tiongkok lèr wontên pakêmpalan ingkang sampun pang-pang kathah, nanging pangagêng angawisi sumêbaripun wartos. Ing bab punika kasumêrêpan dening golongan Jêpan. Wusana pakêmpalan wau kêwiyak, nama "Peiping Militairy Branc Association" dipun ayomi dening parentah Nanking. Pangagêng wadyabala Jêpan sampun ngudi bab punika, saha lajêng nyêpêng satunggiling warga pakêmpalan, sarêng dipun dhêdhês, ngakên bilih pakêmpalan wau satunggiling tindak babadan ingkang dipun namakakên C.C. Dene sadhiyanipun C.C. badhe mêjahi pangagêng-pangagêng wadyabala Jêpan tuwin para ambtenaar agêng Manchukuo ingkang mathuk dhatêng Jêpan. Jêpan lajêng nindakakên panyêrêg.

--- 1419 ---

Wêwaosan

WangsulapunWangsulipun. Tarsan.

Piridan saking buku karanganipun Tuwan Edgar Rice Burroughs.

51.

Dangu-dangu têtiyang wau lampahipun anglangkungi tembok anggênggêng ingkang wusananipun dumugi kitha ingkang risak kasêbut ngajêng. Wontên ing ngriku Nonah Portêr lajêng kabêkta lumêbêt ing griya ingkang sampun katingal risak sangêt, saha botên watawis dangu lajêng rinubung dening têtiyang atusan ingkang wujudipun anggêgilani, bangsaning têtiyang ingkang ambêkta piyambakipun. Antawisipun têtiyang ingkang sami ngrubung punika, wontên têtiyangipun èstri, ingkang wujudipun limrah botên patos anggêgilani. Sarêng Nonah Portêr sumêrêp dhatêng têtiyang èstri wau, ing batos anggadhahi pangajêng-ajêng sakêdhik, bokmanawi sagêd angènthèngakên kawontênanipun ingkang sakalangkung nalôngsa punika. Nanging pangajêng-ajêngipun wau, sakêdhap lajêng sirna, jalaran têtiyang èstri punika ing sêmu inggih botên anggadhahi wêlas sakadhik-kêdhika,sakêdhik-kêdhika. sanadyan ing kala punika botên tumut amisakit dhatêng piyambakipun.

Sasampunipun Nonah Jinê Portêr kangge têtingalanipun para têtiyang wau, saha ingkang andadosakên sênêng lan lêganing manahipun, lajêng kabêkta lumêbêt dhatêng satunggiling kamar pêtêng, tuwin dipun cawisi têtêdhan sawadhah lan toya pangombènipun. Salajêngipun nuntên katilar.

Salêbêtipun saminggu Nonah Jinê wontên ing ngriku, ingkang dipun sumêrêpi namung tiyang èstri kêkalih ingkang ambêktakakên têtêdhan tuwin pangombènipun. Saking sakêdhik kêkiyatanipun Nonah Jinê sagêd wangsul, botên dangu malih têmtu sampun pantês kangge kurban dhatêng sêsêmbahanipun têtiyang ngriku, inggih punika: dewaning latu. Rahayunipun Nonah Jinê botên mangrêtos babarpisan, bilih badanipun punika badhe kangge kurban.

Samangke amangsuli cariyosipun Tarsan. Sasampunipun amitulungi Nonah Jinê tuwin Kleton nalika badhe kamôngsa ing singabarong, sarana anamakakên cêmpulingipun, kanthi alon-alonan piyambakipun lajêng lumêbêt ing wana. Ing kala punika manahipun Tarsan, saupami tiyanga sakit makatên, kambuh malih. Têgêsipun, Tarsan punika sajatosipun kalihan Nonah Jinê trêsnanipun sampun malêbêt ing sanubarinipun. Lan nalika nilar Nonah Jinê, niyatipun sagêda lajêng supe babarpisan dhatêng katrêsnan ingkang tansah dipun kandhut wau, nanging mêksa angèl anggènipun badhe ngipatakên. Ing wusana jêbul malah lajêng nyumêrêpi lêlampahanipun ingkang adamêl anjarêming manahipun, amila raosing katrêsnanipun samangke kados ginugah wangsul malih.

Ing batos Tarsan rumaos bingah, dene sagêd nahan anggèning badhe nuruti hawanapsunipun. Inggih punika nalika piyambakipun badhe amrêjaya dhatêng Kleton ingkang ing wêkdal wau angrangkul dhatêng pawèstri ingkang dados têlênging manahipun. Mila nyata, tumrapipun Tarsan, awrat sangêt angampah wêwatêkaning sato galak ing wana, ingkang nyumêrêpi bilih anak bojonipun wontên ingkang angarubiru, sintêna kemawon têmtu inggih lajêng nêdya dipun pêjahi.

Sabab saking rumaosipun Tarsan, Nonah Jinê punika sampun kaanggêp dados gadhahanipun, môngka sumêrêp karangkul ing tiyang jalêr sanès. Miturut wèting wana, saha ingkang dipun lampahi ing sadangunipun, manawi wontên lêlampahan ingkang makatên punika, pangadilanipun namung warni satunggal, inggih punika: ingkang kaanggêp nêrak wèt, ukumipun kêdah namung dipun pêjahi. Tujunipun wêwatêkan sato galak wau, sanalika sagêd kêndhih dening dhasaring wêwatêkanipun kasatriyan, ingkang botên purun angukum tiyang ingkang dèrèng kasumêrêpan cêtha dosanipun, amila kala samantên lajêng sagêd anyandèkakên pikiranipun ingkang awon wau. Ngantos marambah-rambah anggèning Tarsan tansah sukur saha angalêmbana dhatêng awakipun piyambak, dene botên ngantos kalampahan nindakakên pandamêl kados sacaraning sato galak ing wana.

Sarêng piyambakipun mikir-mikir badhe wangsul dhatêng tanah Wasiri sanalika kirig-kirig, jalaran karaos jêlèh, amila niyatipun sampun ngantos kapêthukan kalihan manusa rumiyin. Cêkakipun Tarsan namung niyat badhe ngidêri wana kemawon, ngantos ingkang andadosakên runtaging manahipun sagêd lilih babarpisan. Botên beda kados kewan wana sanès-sanèsipun, manawi nuju nandhang kasusahan, kapengin gêsang utawi manggèn piyambakan. Makatên ugi Tarsan, pikajêngipun samangke inggih badhe gêsang tuwin manggèn piyambakan.

Ing dalunipun Tarsan tilêm wontên ing papan ingkang asring kangge pahargyan cara kêthèk agêng-agêng kados ingkang sampun kasêbut ing ngajêng. Ngantos pintên-pintên dintên laminipun anggèning dêdunung wontên ing ngriku, sarta manawi siyang dipun sambi pados têdha. Nalika sawêg angsal tigang dintên wontên ing ngriku, Tarsan enjing-enjing sampun kesah saking padununganipun enggal. Sawêg kemawon piyambakipun ngambah pasukêtan ing papan ingkang lêga, dumadakan saking kidul piyambakipun mirêng suwara ingkang sampun nate dipun mirêngi. Tarsan botên badhe kalintuSeharusnya hal. 1420. [ka...]

--- 3720 ---

[...lintu] pamirêngipun: suwara wau botên kenging botên têmtu suwaraning gêgrombolanipun kêthèk bangkokan ingkang sawêg lumampah turut wana. Ngantos pindên-pintênpintên-pintên. mênit angggèning piyambakipun niling-nilingakên suwara wau, ing sêmu lampahing grombolanipun para kêthèk bangkokan punika, ingkang dipun tuju inggih papan pahargyanipun wau.

Tarsan lajêng ngadêg anjêjêr kalayan ngulèt amolahakên awakipun, kupingipun ingkang têngên tansah anilingakên suwara lampahing kêthèk bangkokan ingkang sami murugi mriku. Kalêrêsan ing kala punika, anginipun angidit nêmpuh piyambakipun, amila piyambakipun lajêng ngambêt, cêtha punika gandaning kêthèk.

Sarêng grombolaning kêthèk agêng-agêng wau sampun cakêt kalihan papan pahargyan, Tarsan enggal-enggal umpêtan ing wit-witan agêng ingkang sawatawis têbih saking papan ngriku, prêlu angêntosi dhatêng nglêmpakipun kêthèk-kêthèk wau, lan anggènipun Tarsan angêntosi botên dangu.

Saking sasêla-sêlanipun panging kêkajêngan ingkang andhap-andhap, kalêrês sangajênging papan pandhêlikanipun Tarsan, ujug-ujug katingal wontên rai kêbak wulu, mêdal. Mripatipun ingkang alit katingal bêngis, lajêng nitipriksa ing kiwa têngênipun papan ngriku, saha lajêng nolèh lapur dhatêng kêthèk-kêthèk sanès ingkang sami wontên ing wingkingipun. Saking papan pandhêlikanipun Tarsan mirêng têmbunging kêthèk anggènipun wicantên dhatêng kancanipun wau. Ingkang punika anêrangakên, bilih ing papan ngriku têntrêm botên wontên punapa-punapa.

Ing sakawit ingkang dhatêng rumiyin ing papan ingkang lêga wau, kêpalanipun, salajêngipun saking satunggal urut-urutan ngantos ngalêmpak wontên kêthèk kirang langkung satus. Antawisipun kêthèk samantên wau wontên sawatawis ingkang sampun sami dados bangkokan saha sawêg sêdhêng-sêdhêngipun, lan wontên satunggal kalih ingkang anggreyot nusu biyungipun.

Antawisipun kêthèk-kêthèk wau kathah ingkang taksih dipun wanuhi ing Tarsan. Grombolan kêthèk punika inggih tunggilipun kêthèk ingkang ambêkta saha angopèni Tarsan nalika taksih bayinipun, kêthèk-kêthèk ingkang sampun sami bangkokan punika, sawatawis inggih barakanipun Tarsan ing kala samantên, sarta ing kala rumiyin kulina agêgujêngan saha gojegan kalihan piyambakipun. Ing batos Tarsan angunandika makatên: Kira-kirane kêthèk-kêthèk bangkokan kae apa ora pangling karo aku, awit lumrahe tumraping kêthèk iku lalèn. Môngka anggonku lunga saka kene wis ana antarane rong taun, tumrape kêthèk, rong taun iku kêna diunèkake padha karo pirang-pirang atus taun.

Punapa ingkang dipun rêmbag dening para kêthèk wontên ing ngriku wau, Tarsan sagêd mangrêtos bilih wigatosipun badhe milih salah satugal kancanipun ingkang pantês kaangkat anggêntosi dados ratu, sabab ratunipun tiwas pêjah saking anggènipun dhawah.

Tarsan lajêng lumampah nurut pang ingkang mantêlung ngantos dumugi ing sapinggiring papan pahargyan supados lajêng kasumêrêpan dening para kêthèk bangkokan wau. Ingkang sumêrêp rumiyin piyambak, kêthèk èstri ingkang mripatipun tajêm sangêt, kanthi suwara ingkang saèmpêr kadosdene anjêgug, kêthèk èstri lajêng suka sumêrêp dhatêng kêthèk-kêthèk kancanipun. Kêthèk-kêthèk bangkokan sawatawis lajêng sami ngadêg anjêjêr ngawasakên kanthi sayêktosan dhatêng ingkang nêmbe dhatêng wau. Kanthi mringisakên untunipun saha anjêgrigakên wulunipun, kêthèk-kêthèk wau klayan gêrêng-gêrêng sêmu ngancam, sami amurugi Tarsan.

Sarana migunakakên basaning kêthèk, Tarsan lajêng wicantên makatên: Karnat, aku iki Si Tarsan bangsaning wanara. Kowe rak iya isih eling nyang aku nalikane kowe aku padha isih cilik biyèn, kêrêp bae padha bêbarêngan ambeda singa barong sarana ambalangi nganggo pang-pang, krambil lan liya-liyane.

Kêthèk ingkang dipun wicantêni wau, mandhêg anyawang Tarsan ing sêmu cat emut, cat botên, nitik polatanipun, katingal gumun sangêt.

Tarsan lajêng anglajêngakên wicantênipun: Dene kowe Mardhor, apa kowe wis lali marang ratumu dhèk biyèn kae. Sawangên aku. Apa aku dudu Tarsan sing kotêpungi dhèk biyèn kae, ya grêma kang pêng-pêngan bangêt, prajurit kang tan ana sing ngalahake.

Kêthèk sadaya wau ing samangke lajêng sami amurugi Tarsan, nanging botên sami ngancam, namung badhe kapengin sumêrêp wujudipun. Lajêng sami abisik-bisik sakêdhap para kêthèk wau sami arêrêmbagan.

Karnat apitakèn: Karêpmu mrene kuwi arêp apa.

Tarsan amangsuli ngêmungake arêp rêrukunan.

Para kêthèk wau inggih lajêng sami rêrêmbagan malih, ing wusana Karnat awicantên: Iya bêcik, yèn kowe nêdya arêp rêrukunan, Tarsan bôngsa wanara.

Ingkang punika Tarsan lajêng anjlog dhatêng ing papan ngriku wontên ing têngah-têngahipun grombolaning para kêthèk ingkang wujudipun sami anggêgilani wau. Punapa malih Tarsan ing sakala punika wangsul kawreyanipun malih, santun sipat lan santun watak angêplêki kadosdene kêthèk malih.

Ing ngriku antawisipun Tarsan lan para kêthèk wau, botên lajêng bage-binage utawi urmat-urmatan kadosdene caraning manusa manawi mêntas pêpisahan ngantos sawatawis dangu, awit mênggahing sato kewan, cara ingkang makatên punika mila botên wontên. Amila sabagian agêng kêthèk-kêthèk wau katingal sami botên amigatosakên dhatêng Tarsan, saha inggih lajêng nindakakên padamêlanipun piyambak-piyambak, kadosdene Tarsan salami-laminipun wontên ing ngriku kemawon, sarta botên kesah ngantos kalih taun dangunipun wau.

Wontên kêthèk jalêr neneman kalih, ingkang sampun botên kèngêtan dhatêng Tarsan, lajêng amurugi saha angambus-ambus, malah ingkang satunggal mringisakên untunipun saha gêrêng-gêrêng sajak angancam. Pikajêngipun: sakala punika piyambakipun badhe ngajar Tarsan. Saupami ing wêkdal wau Tarsan lajêng ngawoni purun mundur bokmanawi kêthèk neneman wau sampun lêga manahipun. Nanging salajêngipun, bilih Tarsan kalampahan ngawoni, kêthèk-kêthèk sanèsipun ingkang sami nyumêrêpi, tamtu lajêng anganggêp, bilih drajating Tarsan punika wontên sangandhaping kêthèk neneman wau. Badhe kasambêtan.

--- 173 ---

Nomêr 44, taun V

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu.

Gambar Idhup

Gambar idhup iku kêlumrahe maratani ngêndi-êndi, nganti bocah cilik bae wis ngrêti ngajak nonton gambar idhup.

Yèn bocah kang wis gêdhe, yèn mêntas nonton gambar idhup, banjur nirokake apa polahing gambar. Yèn bôngsa kêrêngan, wah kanggone nirokake nganti arêp nyampluk rewange linggihan.

Yèn ngèlingi ananing gambar idhup, nganti ngeram-eramake, dene bisa anggambar kang anèn-anèh, iba ragade.

Nanging sanadyan akèh waragade, sarèhne dadi kasênêngan umum, iya akèh olèh-olèhane dhuwit.

Kang kacêtha ing gambar, iku raja ing Sulu, tanah Aprikah, raja mau awit saka karêping juru gawe pilêm gambar idhup, arêp digambar lan dimainake ana ing gambar idhup, didadèkake pêpindhan lêlakoning wong kang misuwur. Mêsthine waragade ora sathithik, marga anggone anggambar dadak digawa mênyang Inggris barang, môngka panjênêngane kuwi ratu.

Yèn ngèlingi cara kang mangkono mau, wose ora liya, iya golèk misuwur asmane. Mung dalane beda-beda.

[Grafik]

Ing bab agoneanggone. nata ing Sulu kaparêng dadi tontonan mau, yèn tumrape ing jaman saiki wis ora anèh, awit wis akèh kang nglakoni.

--- 174 ---

Ajar Mangan

Ora dupèh mangan, tumraping bocah cilik iya kudu diajar, saya tumraping bôngsa Eropah, bab mangan iku diprêdi têmênan, yèn anggone mangan ora bênêr, disrêngêni.

Sanadyan tumrape bôngsa Jawa iya mangkono, nanging cake rada beda, kajaba kang pancèn wis nelad cara Eropah.

[Grafik]

Yèn tumraping bocah cilik, saya kang tinêmu ing pakampungan, bab nata manganing bocah iku rada angèl, awit tumrap wong tuwane adhakan duwe watak ngêmong marang bocah. Mula ing kalane bocah-bocah padha bêbarêngan mangan, adhakan banjur padha grêjêgan, jalarane warna-warna, dene kang adhakan, saka anggone nguwèhi lawuh ora padha. Malah trêkadhang banjur padha nangis.

Tumrape wong kang durung tau nunggoni bocah mangan, mêsthine durung duwe têpa, banjur ngarani pancèn bocah padha dhêmên nangis. Nanging kosokbaline tumrap wong kang duwe anak, iya bênêr sok mangkêl, nanging sauwise iya malah angguyu. Trêkadhang guyune mau saka ngèlingi dhèk cilik iya wis tau nglakoni kaya ngono, malah prakara tangis barang mau dianggêp lumrah.

Mungguh beda-bedaning rasa, iku tumraping wong tuwa, ana kang andulang anake nganti wis gêdhe, mung saka kêtlêtuh dhèk isih cilik, awit, jarene bocah cilik mangan dhewe iku ora dadi daging. Iku iya ana bênêre, jalaran saka kakèhên kang kècèr. Nanging ana bocah isih cilik wis pintêr mangan dhewe, iku saka diprêdi.

Dene tinêmune saiki, bocah iku bêcik diajar mangan dhewe.

Yèn kang tinêmu ing bôngsa luhur jaman dhèk biyèn, para putrane kang durung diwasa, têtêp isih kaya bocah cilik bae, apa-apa mung sarwa diladèni, nganti wis gêdhe isih didulang. Nanging cara mangkono mau tinêmune ing jaman dhèk biyèn, dadi kaluhuran.

--- 175 ---

Asu Kêkancan karo Kucing

Ana asu kêkancan karo kucing, bangêt rukune, saka rukune mau, yèn mangan nganti bêbarêngan tunggal ajang, ora tau pasulayan.

Sawiji dina kucing manak, mêtu papat. Barêng cêmèng mau wis rada gêdhe, padha dhêmên gojèg, biyunge nganti ora kobêr nganggur.

Sarèhne biyung kucing duwe mitra asu banjur kôndha: Kang asu, aku anjaluk tulung, anak-anakku bok padha koajar, bèn padha wêruh tata sathithik.

Wangsulane asu: Iya bêcik.

Wiwit iku cêmèng papat banjur padha diajar si asu, yèn dolan pating slêbar banjur digiring supaya nglumpuk. Mêngko yèn wis ngêlumpuk banjur ditunggoni. Nanging cêmèng papat iku ora tau nganggur, dhêmên padha gojèg jêgegesan, nanging asu malah ngêmori milu gojèg, mula cêmènge saya bungah.

Suwe-suwe si asu rumasa wêgah, awit anggone ngajak gojèg cêmèng papat mau saya nranyam, ana kang nubruk buntut, munggah ing gêgêr, napuki rai lan liya-liyane. Si asu barêng ngrasa risi banjur anggêrêng.

Cêmèng papat barêng digêrêngi asu banjur padha mlayu anggêndring, pating salêbar, dhewe-dhewe parane, karo nyuwara ngeang-ngeong kêmèng.

Biyunge barêng krungu banjur têka lan takon: Geneya dene padha nangis.

Wangsulane: Aku diladaki pakdhe asu.

Biyunge nêpsu: E hla, ora gênah, ana bocah kathik dimungsuh, mungsuh bok ya wong tuwane iki. Kucing banjur nêmoni asu sarta banjur muni mangkene: Anakku kokapakake he, asu.

Asu: Nah, iki jênêng ora gênah, dene banjur pancêrêngan. Kowe kuwi jare nitipake bocah, barêng lagi disrêngêni sathithik bae komrinani, kapriye bisane dadi bêcik.

[Grafik]

Kucing: Ana kae bok aja kosrêngêni.

Asu: Lagi tak srêngêni bae kowe wis ora lila, iba saupama tak gêbug. Wis, wis, anakmu ajarên dhewe.

Satêmênê lêlakon kang kaya ngono mau ngêplêki kaya wêwatêkaning uwong marang anak, kang lambaran katrêsnan, nanging kliru.

--- 176 ---

Ala Winalês Bêcik

VII

[Mêgatruh]

Sarikutan sêmbahe asungsun-sungsun / malêpês anggone linggih / raine êmung tumungkul / arêp ngingêtake wêdi / malah ketok andharodhog //

sang pangeran ing batos wêlas kalangkung / mung ing galih nuli mosik / yèn panjênêngane iku / dikira bangsaning dhêmit / dadi malah kapanujon //

kêna kanggo sarana mundhut pitulung / nuli angandika lirih / wis ta kaki kowe iku / aja nganggo wêda-wêdi / aku iki iya uwong //

uwong mau tumuli anjêlih sêru / inggih ratu alus ngriki / rak inggih botên duka: nun / kula botên niyat jail / o atur kula sayêktos //

sampun dangu kula mirêng wartosipun / kang ambaurêksa ngriki / sok ngatingal ambêbedhung / yèn ngantos pun sulayani / pamalêse numpês kelor //

sapunika kula namung amiturut / sadhawuh badhe nglampahi / sakala pangeran iku / tuwuh osik ing panggalih / nuli angandika alon //

iya-iya paman bangêt panrimaku / dene kowe angajèni / mungguh têmêne awakku / klêbu jim karinan iki / banjur diêrut ing uwong //

ing saiki nya: uculana awakku / wong mau nuli nandangi / karo garunêngan maju / apa ta kiraku mêsthi / bôngsa jim konangan uwong //

yèn baguse wis ora maido aku / wong iya bangsaning êjim / môngsa kayaa bangsaku / manungsa ing donya iki / awake pating pathekol //

wise rampung wong mau bali linggih bruk / karo matur sêmu giris / kula pun Pawira Bundhu / griya kula dhukuh Pakis / kalêbêt cakêt kemawon //

sang pangeran ngandika asêmu guyu / iya paman ing saiki / awit saka pamundhutku / pèkên anak aku iki / wis môngsa bodhoa kono //

ing sakala malêngak Pawira Bundhu / banjur angguyu nyêkikik / wong dadi bapak lêlêmbut / bakal anuntuni sugih / lah inggih môngga kemawon //

môngga sampun kula dhèrèkakên kondur / marginipun urut ngriki / inggih kang limit pun ênut / sampun sampun lêrês inggih / sumôngga lajêng mangulon //

ing batine gumun Pak Pawira Bundhu / wong iya bangsane êjim / lakune anglêr lan alus / sajak mung sarwa kêdugi / ulate padhang mancorong //

saka jujul ing ati banjur jumêdhul / guritan kêndhangan iplik / sanadyan ucape kau / nanging mangrêti ing dhongdhing / mangkene gone anggerong //

yèn kêmbanga bandaraku kêmbang jambu / ngêmaruki gone sigit / yèn lêgia lêgi madu / ayak manise diincrit / bok wis manise diêsok //

kêmbang gêdhang satibane sarwa tuntut / e klèru sarwa patut dhing / pangeran nolih angguyu / Pawira saya nyêkikik / lan pacak gulu muni: gong //

sang pangeran rumaos manggih panglipur / wusana têkan ing Pakis / Badran cilik adoh lurung / omahe êmung siji thil / wêlit wis satêngah bobrok //

isih adoh Pawira wis cêluk-cêluk / nyai ana dhayoh iki / nanging êrêmna mripatmu / aja pisan-pisan wani / nyawang dudu bôngsa uwong //

--- [0] ---

Anggêsangakên Maesa Pêjah

[Sinom]

Sinigêg ingkang carita / wuwusên gantya winarni / panêmbahan sampun lama / gènnya dalêm Landhoh nênggih / ing karya asêsabin / kathahipun mung nêm bau / sabin gudêr namanya / dadose dadhongkèl sabin / yèn nanêmi datan puput ing sadina //

ana ing kuciwanira / panêmbahan tan darbèni / maesa ingkang kinarya / anggarap wau kang sabin / nuju enjang lumaris / panêmbahan karsanipun / angupaya maesa / anjajah desa akongsi / kapalantrah tan ana darbe maesa //

ingkang kêna tinumbasa / praptèng dhusun Losèk panggih / pêpitu wong mayu wisma / tinanya pamuwus aris / hèh bagus ingkang sami / mayu kula tannya tuhu / baya ngriki wontêna / janma sade mesa ugi / kula arsa numbas kêkalih kewala //

kang mayu wêngis saurnya / tan wontên sade ing ngriki / maesa amung sapala / kinarya bêtah sêsabin / kalamun dika apti / ing ara-ara kang kidul / nika wontên maesa / gêng dhamplak nging sampun mati / lamun arsa alapên tan mawi arta //

panêmbahan nulya mentar / mangidul arsa udani / saèstu wontên maesa / agêng nanging sampun lalis / dèrèng dangu katitik / kalangkung jêtunging kalbu / eman mulat gêngira / sungu dhamplak angluwihi / yèn uripa saiba agêng arowa //

dyan pinriksa panêmbahan / anggung ginrayang waradin / kanthi pangunguning driya / eman têmên kêbo iki / dene gêdhe ngluwihi / sarta crapang sungunipun / bok bisa urip mana / eman têmên lamun mati / panêmbahan nênuwun maring Hyang Suksma //

asalat kalih rêkangat / amêpêt dènnya nutupi / sakèh babahan sêsanga / supe wus kadya ngêmasi / ngêningkên tingal batin / maligi ing ciptanipun / datan liya maring Hyang / kang sipat rahman myang rakim / kang ngratoni kauripan ngalam donya //

tan liyan Allah Tangala / kang karya bumi lan langit / ingkang nora jaman makam / kang sipat langgêng tan gingsir / saking panuwun mami / muga tinurutan ingsun / inggih panuwun amba / kalisa kang sampun lalis / kang supados sagêda gêsang awèta //

samana wontên antara / katrima dènnya mêmuji / ri saksana panêmbahan / maesa dipun cêpêngi / singate kanan kering / cinablèk ambal ping têlu / lah maraa tangia / lembon têmên gonmu guling / nulya kagèt maesa nglabèt buntutnya //

kèplèk-kèplèk kupingira / buntutipun jênthat-jênthit / mripatipun byar-êbyaran / andhangak sarwi anglirik / panêmbahan nulya ngling / lah mara ngadêga gupuh / jênggèlèk kang maesa / jênggèrèng sarwi atangi / nulya ngadêg sampun gêsang kadya lama //

kawuwusa kang amulat / tiyang mayu pitu iji / muwus marang kancanira / wong ika kawasa yêkti / kêbo mati wus urip / ayo padha nuwun maklum / mau ngong sêntak-sêntak / gya muwus wong pitu iji / amurugi dhatêng ngarsa panêmbahan //

tiyang pitu aturira / galap gangsul gih kiyai / kawula nuwun aksama / anêmbah lan ngasih-asih / kawula datan uning / dhatêng ing sampeyan wau / panêmbahan ngandika / nora dadi ngapa yêkti / wus jamake wong padon mêgat wikalpa.

Pêthikan saking cariyosipun: Sèh Jangkung, inggih cariyos Kêbo Landhoh.

Cariyos kina ingkang anggancarakên lêlampahanipun panêmbahan ing dhusun Landhoh, ingkang kagungan kalangênan maesa lawung, wacucalipun kangge srananing kaprawiran.

Rêginipun ... f 0.70.

Wêdalan-Bale Pustaka-Batawi Sèntrêm.

--- [0] ---

[Iklan]