Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-12, #1805

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1935, #1805
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-01, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1483.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-02, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1484.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-03, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1485.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-04, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1486.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-05, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1487.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-06, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1488.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-07, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1489.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-08, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1490.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-09, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1491.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-10, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1492.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-11, #1805 . Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1493.
12.Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-12, #1805. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1494.

Ôngka 96, Rê Pa, 8 Pasa Jimakir 1866, 4 Dhesèmbêr 1935, Taun X

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1517] ---

Ôngka 96, Rê Pa, 7 Pasa Jimakir 1866, 4 Dhesèmbêr 1953, Taun XÔngka 96, Rê Pa, 8 Pasa Jimakir 1866, 4 Dhesèmbêr 1935, Taun X.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1,50 bayaran kasuwun rumiyin botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka ing sawingkinging kantor Palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

BATAVIAASCH-NIEUWSBLAD 50 TAUN

[Grafik]

Tuwan J.H. Ritman, Hoofdredacteur Bataviaasch-Nieuwsblad. Bataviaasch-Nieuwsblad pinèngêtan adêgipun sampun 50 taun. Nyarêngi punika Tuwan J.H. Ritman angsal Ridder In de Orde van Oranje Nassau. Katranganipun mriksanana kroniek.

--- 1518 ---

Raos Jawi

Minggah ing Langit Sap Pitu, Sarana Lumampah Salêbêting Salat Subuh, Pêthikan saking Cariyos Arab

Kacariyos, sawangsulipun Gusti Kangjêng Nabi Mukhammad s.a.w. saking ngarsaning Pangeran, wontên satunggaling kiyai nama Jakhariya, munjuk ing Gusti Kangjêng Nabi, ing sêmu botên pitados bilih panjênênganipun mêntas sowan dhatêng pangayunaning Pangeran minggah langit sap pitu, sarana lumampah namung ing salêbêting salat subuh. Awit botên pinanggih ing nalar, ingatasing ngalam donya punika dumugi ing langit sap pitu, têbihipun tanpa watês. Upami kalampahana mawi têtumpakan ingkang bantêripun ing dalêm sajam sèwu kilo mètêr, kados kemawon botên badhe sagêd dumugi ing salêbêting satunggal taun.

Mirêng atur makatên punika Gusti Kangjêng Nabi nglêrêsakên kanthi rênaning panggalih. Pancèn dhasar kapara nyata kaelokan sarta kamokalaning Allah ingkang kalair ing ngalam donya punika, sadaya pinanggih ing nalar. Dados botên wontên kamokalaning Allah ingkang botên pinanggih ing nalar.

Wiwit kala samantên Jakhariya kadhawuhan andhèrèkakên tindak, têdhak ing padhusunan. Sarêng sampun mèh wanci luhur, Kangjêng Nabi Mukhammad kèndêl ing sapinggiring lèpèn, Jakhariya kadhawuhan salat luhur. Jakhariya nyandikani, lajêng adus sarta mêndhêt toya wulu ing lèpèn. Sarêng Jakhariya sêlulup, nyilêmakên sirahipun ing toya, jêbul mak byar ical sipating toya lèpèn, awujud nagari ingkang sakalangkung jêmbar lan rame sangêt, mênggahing kajawèn nagari wau kasêbut, nagari panjang, apunjung, pasir, wukir, gêmah, aripah, loh, jinawi, karta, arja.

Cêkaking cariyos, ing ngriku Jakhariya lajêng rabi, ngantos gadhah anak sakawan, laminipun kintên-kintên wontên sadasa taun. Wiwit kala samantên Jakhariya èngêt, bilih kautus sarta andhèrèkakên Kangjêng Nabi Mukhammad, lan katêngga ing pinggiring lèpèn, saiba dukanipun, sagêd ugi kapatrapan ukum kisas. Wasana Jakhariya kraos mak pêt, lajêng mak byar jumêdhul saking lêbêting toya, sumêrêp Kangjêng Nabi taksih nêngga ing ngriku, sarta andangu: Lo kok gêlis têmên Jakhariya, durung ana samênut kok wis banjur mancungul, apa wis rêsik. Jakhariya mêntas, botên mangsuli asêmu ajrih, dhêlêg-dhêlêg kamitênggêngên asêmu gumun.

Kangjêng Nabi andangu malih: Kapriye Jakhariya, apa wis kêtêmu ing nalar, mungguhing lakuku sowan ing pangayunaning Pangeran, cukup sarana lêlakon mung ing sajroning salat subuh.

Sumôngga para maos sami ngulir budi, anggarayang pêpiridan ing salêbêting sasmita ing nginggil punika.

Wilatikta.

--- 1519 ---

Pawartos Sanès Praja

Pasulayanipun Itali kalihan Ngabêsi.

Ing salêbêtipun sawatawis dintên, pêrangipun Itali pinanggih tansah kasêsêr, tamtu kemawon kasêsêripun Itali wau malah saya adamêl muntabing kapurunan, awit Itali kêpêksa badhe tumandang yêyêktosan. Nanging nyarêngi kalihan kala ungguling wadya Ngabêsi ingkang sagêd numpês wadya Itali tigang bataliyun, tuwuhing têmpuhanipun wadya Ngabêsi pinanggih lumintu kanthi ngêgèt, gêgêntosan ing lèr tuwin kidul.

[Grafik]

Raja Haile Selassie kalihan putra Sang Pangeran Nakonnen.

Sayêktosipun Tumraping Itali, karibêdanipun ing môngsa punika tansah numpa-numpa, kados ta ing bab tumindaking pêpacuh saking nagari-nagari sanès ingkang ngawisi lêbêting barang dhatêng Itali, punika ugi dados satunggiling sandhungan agêng. Saya malih sarêng wontên awisan ing bab kabêtahan bangsaning pêlikan ingkang tumônja kangge badhening dêdamêl, Itali prasaksat dipun suda kêkiyatanipun. Rumiyin ing bab tosan sagêd angsal kintunan saking Algerie tuwin laladan Inggris ing Aprikah kilèn, sawatawis saking Eropah, [Ero...]

--- 1520 ---

[...pah,] dene ingkang kathah piyambak saking Ruslan, sapunika sampun sami pêpêt, malah tumrapipun Ruslan, prêlu ngangge tosan piyambak. Kajawi punika taksih kathah badhe-badhe sanèsipun ingkang asli saking ngamônca.

[Grafik]

Wadyabala Itali têtiyang siti nuju ngambah sagantên wêdh.i

Ingkang pinanggih nyêdhihakên tumraping paprangan, punika ing bab anggèning wadya Ngabêsi panêmpuhipun atindak nglimpe. Kados ta anggèning wadyanipun Ras Seyoem sagêd numpês wadya Itali, punika sarana dipun rundhuk, anyarêngi wadya Itali nalika sawêg bingah-bingah nêdha eca, satêmah wadya Itali kêtungkêb ing bêbaya.

sasampunipun kalampahan wadya Ngabêsi sagêd numpês barisa Itali wau, pabarisan Ngabêsi ing Dessie, lajêng nglêmpakakên wadya ewon ing laladan ngriku, sagêd apacak baris ingkang pangangsêgipun ngantos 200 mil, lajêng sumadhiya samôngsa wontên damêl. Sagêd ugi pabarisan punika lajêng badhe dipun tindhihi dening Nata Ngabêsi piyambak.

Nanging wadya Itali inggih botên katalompèn, lajêng nêmpuh wadya Ngabêsi ing Mabeles laladan Tembien. Wadya Itali lajêng nyantosani pabarisan ing laladan Makalle, ingkang kaangkah anggampilakên panêmpuhipun. Nanging kawusananipun wadya Itali malah kèngsêr saking Makalle mundur mangalèr dhatêng Adigrat.

--- 1521 ---

Ing sapunika gêntos campuhing pabarisan ing sisih kidul, wadya Ngabêsi sagêd dipun angsêg dening wadya Itali, wontên wadya Ngabêsi 100 sirna, wadya Itali tiwas 4, kataton 5, sami wadya bôngsa Askari. Motor mabur Itali kêkalangan wontên sanginggilipun Harrar, dene Dagabhur dipun dhawahi bom. Nanging wêkasanipun wadya Ngabêsi sagêd nundhung barisan Itali ing laladan Ogaden sadaya, wadya Itali bôngsa Askari ing sacêlakipun Anale kêplajêng atilar pêpêjah kathah. Barisan ing Gorohai tuwin Gerlogubi kêpêksa nilar panggenan, oncad dhatêng Ual-Ual tuwin Wardair, wadya Ngabêsi sadhiya badhe ngêbroki Gorohai tuwin Gerlogubi. Ing salajêngipun wadya Ngabêsi têrus ngêlut wadya Itali, sasampunipun ngêbroki Anale sagêd ngrêbat oto dêdamêl mriyêm 6, kathah sanjata mêsin tuwin barang sanès-sanèsipun ingkang katilar, punapadene mayit tuwin tiyang nandhang tatu.

Nanging salajêngipun wadya Itali sagêd ngêsuk mangidul malih, têbihipun saking Harrar wontên 100 km. Ing ngriku wadya Itali damêl gêlar, lampahipun nyimpang mangiwa, satêmah wadya ngabêsi kalêbêt sagantên wêdhi ing Ogaden, ing ngriku wadyanipun Jendral Graziani sagêd nyakêti Harrar.

Miturut pawartos ingkang kantun, wadya Itali ngunduri saking papan paprangan kidul, tandangipun sakalangkung giyak, dipun sarêngi panêmpuhing motor mabur saking gêgana, narajang salaladaning papan paprangan sisih kidul. Ing salajêngipun Jendral Graziani sadhiya badhe nêmpuh sabaya pêjah tumuju dhatêng Sassabeneh, saking griku badhe dipun sarêngi nêmpuh wadya Ngabêsi ing Webbe Shabbeli.

Manawi mirid kawontênanipun pêrangan ing wêkdal punika, pinanggih gêjag gêntos ngangsêg papan ingkang ing ngajêng sampun kêbrokan wadya Itali, gêntos kenging karêbat dening Ngabêsi, tamtunipun Itali, botên namung badhe kèndêl.

Dene ing bab babagan rêmbag ingkang gêgayutan kalihan pêpacuh lêbêting barang dhatêng Itali, taksih rame dados rêmbag, malah ing Geneve mêntas ngawontênakên parêpataning komisi para ahli babagan ekonomi tuwin babagan kabêtahan, prêlu ngrêmbag ing bab tumindaking pêpacuh. Komisi wau madêg saking wêwakil Inggris, Prancis, Sêpanyol, Sopyèt, Ruslan, Polên, Swèdhên, Yugoslaphiyê, Turki, Bèlgi, tuwin nagari Walandi. Komisi wau prêlu mriksa wangsulanipun nagari-nagari ingkang dados warganing Polkênbon. Ing ngriku panityaning Polkênbon maos sêrat wangsulan saking nagari-nagari ingkang sami dados warga. Pinanggihipun tumrap warga Polkênbon 58, ingkang botên tumut nindakakên pêpacuh namung 4, inggih punika Albanie, Oostenrijk, Hongarije tuwin Paraguay, dene Afganistan botên suka wangsulan babarpisan, Zwitserland mawi pilih-pilih.

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 1545 ing Cilacap. Botên gadhah pathokan wulan Tionghwa.

Lêngganan nomêr 1797 ing Dalapa. Stu Pn, Januari 1878 dhawah tanggal 12 Jawi 8 Sura Dal 1807, wuku Gumbrêg, mawulu, môngsa kapitu, windu Adi.

--- 1522 ---

Pawartos Wigatos

Pawartos saking P.T.T.

Pitêdah dhatêng sadhengah tiyang. Nglêrêsi bingah ngiras suka pitulungan.

Manawi panjêngan badhe kintun têlegram dhatêng sanak pitêpangan ingkang suraosipun suka wilujêng utawi tumut bingah jalaran kalêrês wêdalanipun, mèngêti anggènipun dados pangantèn, mahargya pèngêtan wisudhan pangkat, wêwah putra, utawi prêlu dhatêng môncanagari, punika têlegramipun prayoginipun kêdah ingkang miyambaki, kêdah bèntên kalihan padatan.

Manawi panjênêngan badhe kintun têlegram dhatêng sanak pitêpangan ingkang suraosipun anglairakên suka bingahing manah, jalaran wêwah putra, èksamên angsal, mantun saking sakit, punika wujuding têlegram kêdah sampun ngantos adamêl kagètipun ingkang tampi.

Kadospundi lampahipun.

Inggih punika sarana luxe-telegramformulieren, têlegram adèn-adèn.

Têlegram wau dipun tik utawi dipun sêrat wontên ing dlancang ingkang adi, dipun lêbêtakên ing ampêlop ingkang pèni.

Mênggah wujuding dlancang tuwin ampêlop wau sae sangêt, ingkang sumêrêp mêsthi gumun. Sampun mêsthi kemawon tiyang ingkang tampi têlegram kados makatên wau botên badhe kagèt utawi gugup, nanging sanalika ngriku lajêng sagêd angintên, bilih isi pawartos ingkang adamêl sênênging manah, têlegram wau badhe dipun simpêni, katingal dipun pasang wontên ing tembok kangge ngèngêt-èngêt dintên dhawahing kabingahan.

Manawi panjênêngan kapengin supados pawartos ingkang panjêngan kintunakên wau dipun tampèni dhatêng ingkang panjênêngan tuju kados ingkang kasêbut ing nginggil punika, prayoginipun nalika nampèkakên têlegramipun dhatêng kantor pos mawi mêling supados dipun sêrat wontên luxe formulier. Punggawa pos ing ngriku lajêng nyirèni têlegramipun mawi aksara "Lux" sarta ciri wau tumut dipun katutakên têlegram. Ing kantor pos panggenanipun ingkang dipun kintuni, têlegram wau nuntên dipun sêrat wontên ing dlancang ingkang adi kasêbut ing nginggil.

Têlegram ingkang dipun kintunakên dhatêng kapal utawi kapal mabur ugi sagêd mawi dlancang adi. Punapa malih têlegram halal bahalal utawi taun baron.

Nanging pakaryan têlegram anggènipun angladosi têlegram mawi dlancang sae wau ugi botên lêlahanan kemawon. Têlegram ingkang wujudipun adi wau rêginipun mindhak 50 sèn.

--- 1523 ---

Ewadene wontên satunggal bab ingkang prêlu kagalih, inggih punika: awit paring indhakan 50 sèn wau, panjênêngan lajêng ugi paring darma. Indhakan 50 sèn ing dalêm satunggal têlegram wau ingkang sapalih badhe kadarmakakên dhatêng bêbadan ingkang anggadhahi ancas mitulungi dhatêng rakyat. Dados yèn kintun têlegram satunggal punika têgêsipun darma satunggal.

Sabên taun guprêmèn namtokakên bêbadan pundi ingkang badhe tampi arta wau. Ing taun ingkang kawitan punika ingkang badhe angsal "bôndha pitulungan tumrap pakêmpalanipun punggawa post (P.T.T.)" (Ondersteuningsfonds van de P.T.T. personeelsorganisatie).

Samangke sampun ngajêngakên kathah dintên sae, prayogi anggalih dhatêng kaprêluanipun arta darma ingkang saking sapalihipun têlegram adèn-adèn wau. Mila sampun kintun pawartos ingkang suraosipun bingah, namung mawi karcis, mawi kartu pos, sêrat utawi têlegram lugu kemawon, nanging prayogi mawi: LUXE-TELEGRAM murih saya mindhak marêming panggalih.

TREKKINGS LIJST.

Loterij agêng kangge kaprêluwanipun Protestantsch Weeshuis ing Sêmarang.

[Grafik]

--- 1524 ---

Jagading Wanita

Satu Kacang Ijêm

Kacang ijêm punika kalêbêt migunani dhatêng badan, punapa malih kangge tiyang ingkang gadhah sêsakit bèri-bèri. Dene pangolahipun warni-warni, kados ta: dipun kêla, kluwa (kluwak), bêsta (senjin), dipun damêl rêmpèyèk (tumpi), dipun damêl satu tuwin sanès-sanèsipun.

Mênggah ingkang badhe kula andharakên punika bab pandamêlipun satu.

Kacang ijêm ingkang sampun kapilihan saha kabucal siti lan krikilipun, kagorenga ing sangan (wajan siti) sampun ngantos gosong, manawi sampun matêng, lajêng kasosoh, inggih punika kabucal kulitipun. Dene panyosohipun ngangge mêrang utawi sêpêt supados botên sagêd muncrat lan rêmuk, yèn sampun rêsik lajêng dipun pususi têrus dipun êtus.

Sadangunipun ngêntosi atusipun kasambi andhêplok gêndhis pasir ngantos lêmbat sarana dipun ayak, sabibaripun kacang ijêm ingkang kaêtus wau dipun dhêplok lêmbat ugi kaayak, yèn sampun lajêng kauwor kalihan gêndhis ingkang sampun kadhêplok wau, nuntên dipun cithaki. Kathah sakêdhiking gêndhis manut ingkang krêsa ngasta, nanging manawi kasakêdhikên murugakên ambyar.

Mênggah wujuding cithakan satu, mêsthinipun para sadhèrèk sampun nate priksa, dados botên susah kula têrangakên. Dene panyithakipun makatên: cithakan satu ingkang rêsik tur garing kaisènana bubuk kacang ijêm lan gêndhis ingkang kauwor wau sarana dipun nêt-ênêt, yèn sampun padhêt lajêng katumplak ing papan ingkang lètèr kados ta ing têlênan mawi kalemekan dêlancang.

Pancènipun sawarnining têtêdhan punika manawi andamêl piyambak sagêd angsal rêsik, murni tur mirah, makatên ugi tumrap satu. Sabab kula nate damêl satu wragad kacang ijêm pangaos sangang sèn (± 2 kati) lan gêndhis sakatos sagêd pikantuk satu 120 iji, môngka kula manawi tumbas sajinah sabenggol tur dèrèng kantênan manawi murni.

Namung samantên atur kula. Dene manawi wontên ingkang karsa nyobi, sadèrèngipun kula matur nuwun.

S. Nart.

--- [1525] ---

[Iklan]

--- 1526 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Amatêsi Lêbêtipun Ban Motor sarta Gêndhis Batu.

I

Petruk: Ayo, Kang Garèng, kanggo anylamur rasa lêsu lêsah, awak prungsang, wêtêng palintiran, sarta timbangane mung ngeling-eling: rujak roti mêsthi sêgêr, rujak nanas iya sêgêr, rujak tape saya sêgêr manèh, apa manèh ès sêtrup, mêsthi kêmêpyar, luwih bêcik padha obrol-obrolan, mêngko tanpa krasa wêruh-wêruh rak wis mangsane lawa sêsaba.

Garèng: Truk, saikine aku ngandêl, yèn wong ngêlih kuwi sok banjur bisa nglakoni nekad barang. Wah iya pancèn rêkasa têmênan, nyang pandêlêngan sok pêt-pêtan. Sing gawe pêgêling atiku, rekane wingi kuwi tak turokake: cikbèn rada kêslamur sawatara, jêbulane, wah, awakku malah banjur padha lara kabèh.

Petruk: Haiya, Kang Garèng, tumrape wong kang ora kulina, turu awan kuwi sok ora kêpenak nyang awak.

Garèng: Kuwi mono wis lumrah, hambok didêlêng, awakku padha abang biru, bêngêp-bêngêp mêngkene. Rungokna tak caritani, sababe nganti kaya ngene kiyi, barêng wingi awan kuwi aku turu, dilalah krêsaning Allah, nang kanane aku ngimpi dijak kêndurèn. Môngka lawuhe, wah, pêpak bangêt pèndhèke, opore pitik pating glimpang, brêgêdèle pating pêthuthuk, sambêl gorènge sêmringah, cêkake yèn kèlingan, saikine aku isih ngilêr. Kocapa, barêng wis rampung anggone andongani iya tumuli banjur dikêpung. Sadurunge sing tak incêr kuwi mung brutuning opor pitik sing nyêkangkang ana ing ambêng kono. Wah, rupane le kinyis-kinyis, pantêse gajihe iya uwêl-uwêlan. Mulane durung nyidhuk sêgane, sing tak cuwil dhisik iya brutune mau. Wah jêbulane isih rada alot. Barêng tak puntar-puntir sak kuwatku, ora kok banjur kêna, awakku malah banjur krasa: clêkit, clêkit, bag bug, nganti aku gregah tangi. Jêbul ... bakyumu sing lagi anggêbugi lan neyoti aku. Dadi ana ing impèn brutu sing tak cuwal-cuwil kuwi jêbul ... irunge bakyumu.

Petruk: Nanging rak iya ana bathine, ta Kang Garèng, cara kowe kuwi lumrahe sok banjur anggriyêng anggalolo, banjur mêsthine kêna buka. Wis, Kang Garèng aja dibanjur-banjurake anggone rêmbugan prakara opor, brêgêdèl barang kuwi, wong marakake wêtênge saya ngintir-intir bae. Saikine aku arêp carita nyang kowe, bab kabar-kabar pungkasan sing ngênani tanahe dhewe kene kiyi. Yaiku kang kapisan, krêsaning nagara arêp amatêsi mlêbune ban motor ana ing kene.

Garèng: Kuwi rak iya pranatan baru manèh, ta Truk. Wah, jaman saiki kiyi pancèn kêna diunèkake tansah udan pranatan anyar bae. Wis warna pira barang-barang mônca sing mlêbune [mlêbu...]

--- 1527 ---

[...ne] mrene diwatêsi kuwi, kang anjalari rêganing barang-barang kuwi saya suwe banjur saya larang saya larang. Apa pranatan sing anyar-anyar kuwi kabèh bisa ngundhakake isining dhumpèting nagara. Wèh, tak pikir-pikir bêndara ngiras-ngirus ramane dhewe kuwi kok saya ... andrêmis.

Petruk: Hus, wong sêmbrana. Dupèh nagara lagi kêkurangan dhuwit, dianggêp anggêr ana pranatan anyar mêsthi banjur kok arani sawijining dalan kanggo golèk dhuwit. Ora, Kang Garèng, nagara nganakake pranatan amatêsi barang-barang mônca lumêbune ing tanahe dhewe kiyi, rak kanggo anjaga kaslamêtane nagara lan para kawulane.

[Grafik]

Garèng: Aku ngandêl, Truk. Kaya ta: barang-barang Jêpang diwatêsi aja nganti kakehan lumêbu mrene, kuwi rak dikuwatirake, ing sarèhne barang-barang mau rêgane murah-murah bangêt, nganti sabên uwong padha bisa tuku, mêngko gèk bangsane dhewe banjur padha bêsus-bêsus amadhan-madhani, mulane mlêbune barang-barang banjur diwatêsi, supaya aja kuwat tuku, cik bèn le nyandhang nyara jamane Nabi Adam manèh.

Petruk: Hla, kuwi nèk Kang Garèng, panampane rak mung ala bae. Cêkake nèk Kang Garèng krêsaning dhuwur mêsthi dianggêp arêp ngajak ora omah. Ora mangkono Kang Garèng, kowe wêruh dhewe, jalaran saka akèhe barang-barang Jêpang sing mlêbu mrene, lan sing rêgane murah-murah bangêt kuwi, kêna diarani, panggaotan duwèke bangsane dhewe kabèh kiyi, kayadene: panggaotan ambathik, nênun, lan sapêpadhane, cara wonga mono padha: ambanyaki utawa sêkarat. Hla nèk saikine mlêbune barang-barang mau mung dijor thok bae, kiraku banjur padha: sêg, bôngka kabèh. Kanggo anjaga aja nganti panggaotan-panggaotan bangsane dhewe padha mati, banjur dianani pranatan amatêsi mlêbune barang-barang mônca mau.

Garèng: Aku iya ngandêl manèh, Truk. Mung bae, cara sing mangkono kuwi, upama wong lara korèngên mêngkono, korènge wis ambabrak lagi ditambakake, mulane pangarêp-arêpe mari, kiraku iya mung saumit bangêt.

--- 1528 ---

Petruk: Dadi rak iya ana ta, pangarêp-arêpane, apa manèh yèn dhoktêr sing diwajibake nambani pancèn dhoktêr gêmblengan, pangarêp-arêpane mari mêsthi saya wuwuh. Mêngkono uga ada-adane nagara arêp nguripake panggaotan-panggotan bangsane dhewe kiyi, aku yakin, Kang Garèng, yèn anggone ngadani pêng-pêngan, mêsthi bakal ana wohe, têgêse: panggaotan duwèke dhewe kiyi mêsthi bisa mrintis manèh. Mung bae iya aja mung pasrah srèh, nyang nagara bae, bangsane kowe aku iki iya kudu gêlêm ambantu sakuwate.

Garèng: Kowe kuwi yèn ngomong kathik le kêpenuk mêngkono. Kaya bangsane dhewe kiyi sugih-sugiha kae, wong gênah bangsane dhewe kuwi, para kaum dagang padha pailit, alias mrosot kabèh dêdagangane, kaum tani padha blindhis, dalasan kaum gajian, nganti têkan para priyayine pisan, blanjane tungkul dithèthèli nganti saya mungkrêt saya mungkrêt bangêt, kathik dikon ngrewang-ngrewangi nguripake sawênèhing panggaotan, a-pa-ku-wo-at.

Petruk: Lo, aku mau rak kôndha: bangsaku kudu ngrewang-ngrewangi sakuwate. Têgêse: anggone ambantu kuwi ora mung sarana nênukoni barang-barang gaweane bangsane dhewe bae, nanging uga bisa ngrewangi sarana tênaga, upamane bae, ngreklamêkake utawa marak-marakake. Cêkake Kang Garèng, nèk bangsane dhewe têmên-têmên gêlêm ambantu panggaotan duwèke bangsane dhewe, mêsthi bisane urip manèh. Sabab, samlarat-mlarate uwong, têmtune iya butuh nyang panganggo, hla, kuwi aja tuku nyang bôngsa liya, nanging sabisa-bisa iya kudu nyang bangsane dhewe. Banjur, bangsane dhewe sing brêgas-brêgas, sing jarene klêbu kaum têlèk, sabab bisa: nat nit not, kuwi iya aja bangêt-bangêt anggone: mêrtega-mêrteganan, kèju-kèjunan utawa bêstik-bêstikan, nanging kudu bisa ngurang-ngurangi sathithik, banjur sing kanggo hèr-hèran mau bisa digunakake kanggo lawuhan utawa panganan cara bangsane dhewe. Rêgane murah, tur ana ing wêtêng, rak iya padha bae, ta.

Garèng: Kowe kuwi yèn ngomong kok le kêpenak ajêgan mêngkono. Sanadyan bangsane dhewe pisan, kuwi jarene yèn wis kulina, sadina ora klêbon mêrtega, rasane lês-lêsan têmênan, Truk.

Petruk: Wiyah, kuwi rak mung pangrasane dhewe bae, nèk sadina ora mangan mêrtega, rasane jarene sok banjur bêngêl. Kuwi padha bae karo wong Jawa sing ngaku: wis lali cara jawane, sarta ngumasani 125% wong wêton Amsêtêrdham. Ora rumôngsa-rumôngsaa yèn wujude durung kaya Tuwan Hèndrik, nanging isih blêjêt: Pak Krama. Kang Garèng, wong sing kaya ngono kuwi, sabênêre uripe ana ing dunya mêsakake bangêt. Iya wong sing kaya ngono kuwi sing sok kanggo sênggakan waranggana: Jawa dudu, Lônda dudu, Êncik dudu, Yangko-yangko po-wak.

Garèng: Wiyah, ana kok diimbuhi powak barang, ora cocog, Truk.

--- 1529 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKI.

Pamulangan luhur. Lulus Doctoraal examen perangan katiga ing pamulangan luhur pangadilan ing Bêtawi, tuwan T.M. Hanafiah. Candidaatexamen perangan kapisan tuwan J.N. de Rambelje. Dotoraalexamen perangan kapisan Tuwan Prawotokusumo.

[Grafik]

Instituut voor Lepra-onderzoek. Ing nginggil punika gambar gêdhong panggenan pamriksaning sêsakit budug (lepra), wontên ing Eykmanstraat, cêlak C.B.Z. Bêtawi. Nalika dintên Sênin minggu ingkang sampun kêpêngkêr, kabikak dening Nyonyah De Jonge, garwanipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupernur Jendral, saha dipun jênêngi ing para agêng kathah.

Sonobudoyo dipun wigatosakên ing ngakathah. Sasampunipun Museum Java Instituut Sono Budoyo kabikak, kathah tiyang ingkang sami dhatêng ningali. Ing sabên dintênipun botên kirang tiyang 100. Bikakipun Museum wau sabên enjing jam 8 dumugi jam 12 siyang, sontên jam 4 dumugi jam 6 sontên.

Pamiaran lêmbu-lêmbu ing Regentsch. Karanganyar. Kala tanggal 18 wulan kêpêngkêr ingkang Bupati Karanganyar tuwin priyantun-priyantunipun pangrèh praja wêwêngkon Karanganyar, rawuh ing Veefokkerij Pêngarasan. Wontên ± lurah-lurah saking 60 dhusun ugi andhèrèk. Punika pêrlunipun milih badhe lêmbu pamacêk cacah 62 iji kangge anggantos pamacêk-pamacêk ing regentschap ngriku ingkang sampun kirang kiyat kangge pambranahan. Dados rawuhipun wau atêgês badhe damêl kamajênganing pamiyaran lêmbu bênggala ing regentschap Karanganyar. (S).

Pamêdal Kêsêmêk (tledhung). Têtiyang ing Cikajang (Garut), kathah ingkang nanêm kêsêmêk. Kêsêmêk punika wontên ingkang namung katêdha makatên kemawon, ugi wontên ingkang dipun garingakên, (limrahipun nama tledhung). Wêdalipun kêsêmêk punika wontên ing wulan Mei, Juni, tuwin Juli. Ing mangsanipun usum, ing sadintên-dintênipun sagêd ngintunakên 5 gêrbong sêpur, ingkang sagrêbong 2 ton. Punika satunggiling padagangan agêng.

Commisie pasarean dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana. Wontên pawartos parentah Kraton Surakarta matah commissie kangge yasa kadhaton (pasarean) dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana ing Surakarta. Ingkang dados commisie wau Tuwan Smith, minangka pangarsa, Ir. Suwito, panitra. Kadhaton wau manggèn ing rêdi Gêntur, Imogiri.

Pèngêtan adêging V.O.B. ing Sampyuh. Adêging pakêmpalan V.O.B. ing Sampyuh sampun 10 taun, mêntas dipun pèngêti. Pakêmpalan punika madêg saking golonganing V.O., warganipun sampun wontên wolung dasanan, sampun sagêd damêl babadan: 1 pitulungan kasripahan, 2 pitulungan kasangsaran, 3 cooperatie tuwin sanès-sanèsipun. Dhawahing dintên paargyan wontên tanggal kaping 10 November, mawi ngulêmi golongan sanès-sanèsipun, kathah ingkang sami rawuh. Salajêngipun ngrêmbag pêrluning pakêmpalan. Pakêmpalan punika sampun angsal rechtspersoon. (K. 2185).

Asib ing Bêtawi. Asib afdeeling Bêtawi mêntas ngawontênakên parêpatan, nggêlêngakên rêmbag badhe mitulungi: a. ambiyantu pakêmpalan-pakêmpalan ingkang nindakakên pitulungan dhatêng têtiyang kamlaratan. Ingkang badhe dipun biyantu wontên pakêmpalan kêkalih. b. badhe ngêdêgakên pitulungan piyambak sarana suka têdha. Warganing pakêmpalan wau ngangkah nunggilakên damêl kalihan pakêmpalan-pakêmpalan tiyang siti tuwin Tionghoa. Nanging wujuding pitulungan badhe warni barang-barang kemawon. Wêdaling pitulungan sabên wulan dipun sadhiyani f 400.-.

P.P.B.B. wanita. Miturut pawartos, benjing tanggal 4 dumugi tanggal 6 Januari ngajêng punika. Perhimpunan Penggawe Bestuur Bumiputera badhe parêpatan ingkang kaping VI manggèn ing Kabupatèn Bandung. Ing parêpatan ngriku badhe kawontênakên parêpataning para wanita garwaning para pangrèh praja, akajêng badhe ngêdêgakên P.P.B.B. pang wanita. Sêdya makatên punika pancèn sampun dangu, nanging kandhêg dening R.A. Sangkaningrat garwanipun ingkang bupati ing Bandung tindak nagari Walandi. Ing sapunika sarêng R.A. Sangkaningrat sampun wangsul, badhe dipun adani saha badhe katêtêpakên dados pangarsa.

Prakawis amuk. Satunggiling tiyang ing dhusun Gondang, Ampenan (Lombok), jalaran saking dipun sêrikakên dening ingkang èstri, lajêng supe purwa-duksina, ngamuk botên kantên-kantênan. Sakawit mêjahi ingkang èstri tuwin anakipun kalih, lajêng ambêsmi griyanipun piyambak. Salajêngipun ngamuk tiyang sanès, sagêd mêjahi tiyang 13 tuwin natoni tiyang 2. Wusana tiyang ingkang ngamuk kenging kacêpêng.

Malèsèd gêgandhènganipun kalihan bayaran sêkolah. Ing mangsa punika kathah rêraosan ing bab kawratan bayaran sêkolah. Ing bab punika, pakêmpalan N.I.O.G. inggih punika pakêmpalaning para guru Walandi, mêntas parêpatan, salajêngipun badhe usul dhatêng ingkang wajib bab sudaning arta bayaran sêkolah. Tamtunipun manawi bab punika manggih wohipun, inggih badhe nyarambahi.

--- 1530 ---

Mèngêti adêgipun "Bataviaasch Nieuwsblad sampun 50 taun. Ing dintên Sabtu tanggal 30 November 1935, adêgipun Bataviaasch Nieuwsblad sampun 50 taun. Babadipun sawatawis, sêrat kabar wau angsal pêparab "Het Lorretje", ingkang dados hoofdredacteur Tuwan Daum. Sasampunipun punika ingkang sumilih dados hoofdredacteur Tuwan Zaalberg, ingriku katingal saya majênging sêrat kabar "Bataviaasch Nieuwsblad", kabêkta saking anggèning ambêk adil, sumarambah tuwin sanès-sanèsipun. Salajêngipun ingkang sumilih dados hoofdredacteur Tuwan Ritman. Nyarêngi pèngêtan adêging Bataviaasch Nieuwsblad 50 taun, Tuwan Ritman angsal bintang Ridder in de Orde van Oranje Nassau. Ingkang makatên punika Tuwan Ritman ngrumaosi bilih angsalipun wau namung kapinujon kemawon anyarêngi umuring Bataviaasch Nieuwsblad 50 taun. Ing Bab punika, Kajawèn ugi ngwêdharakên pambagya wilujêng dhatêng Bataviaasch Nieuwsblad tuwin dhatêng sadayanipun.

Prakawis "organisatie Kita". Landraad ing Sêmarang sampun ngrampungi prakawisipun pangajêng pakêmpalan wados "Organisatie Kita". Ingkang dados pangajênging pakêmpalan tilas wangsulan saking Digul, Tuwan Sarpinuji, kaukum 8 wulan kunjara. Dene pasakitan sanèsipun 5, sami kaukum mitung wulan, sami kacêngklong salêbêtipun dados tahanan.

Wadhuk ing Brêbês. Ingajêng sampun nate wontên pawartos bilih Irrigatie afdeeling Pemali Comal badhe damêl wadhuk wontên ing dhusun Mandalayu, Distrik Banjarharja. Wadhuk punika badhe sagêd isi toya 5 yuta mètêr kubiek. Dene waragadipun wontên 1 1/2 yuta rupiyah. Miturut pawartos, padamêlan wau saèstu badhe dipun adani wontên ing wulan December punika. Ingkang badhe dipun pêrlokakên rumiyin bab damêl margi, murih anggampilakên pangusunging barang-barang, awit papanipun wontên ing parêdèn. Wontêning padamêlan punika ugi tumanja dados pitulungan agêng tumraping para angguran.

Babagan blanja academici tiyang siti. Wontên pakêmpalanipun tiyang siti cacah sanga, kalêbêt pakêmpalaning golongan academici babagan kadhoktêran tuwin pangadilan, gadhah atur dhatêng parentah, supados ngewahi mingsêring tatanan pangkat punggawa nagari, ingkang sapunika taksih kêgolong A kaingsêr dhatêng B., awit bab punika ingkang kêkèngingan punggawa golongan tiyang siti.

Paboyongan bangsa Mênado tuwin Ambon. Ing Malang wontên comite pakêmpalaning bangsa Mênado tuwin Ambon. Kajêngipun gadhah panyuwun dhatêng ingkang wajib supados kaparingakên siti 1000 bau ing Rajêkwêsi, pêrnah kidul kilèn Banyuwangi, pêrlu badhe kangge ulah têtanèn. Ingkang dados pangajênging comite Dr. Tumbelaka, manggèn ing Bêtawi.

Sêmarang angsal pitulungan arta saking gupêrmèn. Gemeente Sêmarang tampi pitulungan arta saking gupêrmèn f 170.000.-, tumanja ing taun 1935. Nanging katêtêpakên kêdah ambayar sambutan tumrap pêrluning woningbouw f 19.000.-.

Bangsa Jawi ing Caledonie. Paretah Nieuw Caledonie sampun mangsuli sêrat saking parentah tanah ngriki, ing bab prajanjian-prajanjian tumrap pêrluning kuli-kuli bangsa Jawi ing Calidonie, ngicali sawarnining sabab ingkang adamêl kawratan. Tuwuhing sabab ingkang anjalari wontên pitakenan kados makatên punika, botên sanès saking pikantukipun papriksanipun Tuwan Marijn, Inspecteur van Arbeid nalika papriksa mrika.

Pabrik gêlas tuwin songsong. Awit saking ada-adanipun stude commissie ing Sêmarang, badhe ngêdêgakên pabrik gêlas apawitan f 7000.-, tuwin panggenan damêl songsong apawitan f 5000.-. Pawitan samantên wau badhe nêdha dhatêng centrale comite. Ingkang dados pangajênging babagan kagunan Tuwan Van der Berg.

Tiwas jalaran nêdha adalin. Ing Cirêbon mêntas wontên bangsa Tionghoa tiwas jalaran nêdha adalin. Dene panêdhanipun wau kajarag pancèn kangge nglalu, anggènipun nêdha dipun kathahi, jalaran saking kêpêtêngan manah. Ingajêng bangsa Tionghoa wau ugi sampun nglalu sarana nêdha adalin makatên, nanging kasumêrêpan, sagêd katututan.

Margi dhatêng Dièng. Regentschap Wonosobo tumindak ing damêl sêsarêngan dhusun-dhusun tuwin provincie adamêl margi mubêng saking Wonosobo dhatêng papan waradin ing Dièng. Ing têmbe margi wau ngantos dumuginipun inginggil pisan sagêd dipun ambah auto. Margi wau kaangkah sagêda rampung ing salêbêtipun taun 1936.

Asib ing Sêmarang. Asib ing Sêmarang sapunika sampun anggadhahi pawitan f 58000.-, tuwin angsal-angsalan sabên wulan f 620.-. Ing sapunika wontên rêmbag badhe ngêdêgakên papan nyambut damêl sarêmbag kalihan regentschapscomite kangge kulawarga 25, awarni padamêlan anam-anam, ulah siti ingkang mayar. Papan padamêlan wau ugi tumrap ing bangsa Tionghoa.

Wulangan anggarap kêbon. Ingajêng sampun kawartosakên, awit saking ada-adanipun I.M.I.W. ing Beran (Ngayogya) dipun wontênakên wulangan anggarap kêbon. Ing sapunika ing Banyumas ugi badhe kawontênakên wulangan kados makatên, anggarap pasitèn pabrik Klampok ingkang sampun katutup. Wulangan punika namung maligi kangge lare-lare tiyang siti cacah 80, dene ingkang langkung kawigatosakên lare wêdalan saking H.I.S.

Wisudan warga Bale Agung. Mr. Dr. R. Tumênggung Bujodipuro, ambtenaar A.Z. ing Surakarta, katêtêpakên dados warga Bale Agung, ing Surakarta, anggêntosi R.T. Surodipuro, ingkang sapunika dados pangagênging afdeeling B. ing kantor Kapatihan.

Panyuwunipun gratie botên kaparêngakên. Dèrèng dangu ing Salatiga wontên bangsa Eropa 2 nêkak gulunipun satunggiling agèn pulisi ingkang nuju nglampahi wajib nyêpêng sagawon ing margi-margi tanpa penning. Prakawisipun bangsa Eropa 2 wau sampun dipun rampungi dening Landgerecht Salatiga kaukum kunjara tigang minggu. Tiyang kêkalih wau angsal pitulungan advocaat gratie dhatêng Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana. Ing sapunika sampun angsal katrangan, kêdah nglampahi paukumanipun.

K.P.M. migunakakên kapalipun malih. Jalaran saking kathahing momotan, K.P.M. badhe ngangge kapalipun malih ingkang sampun dangu dipun anggurakên. Kapal ingkang kapêndhêt malih, 1 "Sibigo" rumiyin manggèn ing palabuhan Tanjungpriok, kangge ngêmot arêng sela saking Berouw, 2 kapal "Silindoeng", wontên Singapura, katindakakên layaran malih.

Panggaotan enggal. Awit saking rêrigênipun Nijverheid-consulatiebureau, sampun sagêd nuntuni tiyang damêl mêrang kangge blongsong gêndul. Ing sabên dintênipun tiyang nyambut damêl punika sagêd gadhah pêmêdal 12 sèn.

Ariwarti Adil. Sampun sawatawis dangu ariwarti Adil ing Surakarta botên mêdal, amargi wontên sabab warni-warni. Ing sapunika wontên pawartos, Adil sampun dipun liyêr dening hoofdbestuur Muhammadiyah, tuwin gadhah sêdya wiwit benjing tanggal 1 Januari 1936 badhe kawêdalakên malih, ancasipun kados ingkang sampun.

O.L. Mij. Bumi Putra. Miturut palapuran, bêbathènipun rêsik O.L. Mij. Bumi Putra ingkang saking sarêman tuwin sewan griya wontên f 55.781.82, saking obligatie Ind. Leening f 37.411.50. Tanggêlan enggal (1934) wontên f 557.500.

--- 1531 ---

Wêwaosan

Wangsulipun Tarsan.

Piridan saking buku karanganipun Tuwan Edgar Rice Burroughs.

57

Kalayan mancolot dhatêng pasukêtan ing papan ingkang waradin ing sacêlaking lèpèn, Tarsan kanthi lêga manahipun awicantên makatên: Aku wajib sukur ing Pangeran, dene têkaku mau ora nganti kasèp.

Sêmu gumun Nonah Jinê apitakèn: Mênapanipun ingkang botên kasèp. Kula aturi maringi katêrangan, mênggah krêsa panjênêngan punika kadospundi.

Tarsan amangsuli: Sing takarani durung kasèp kuwi, anggonku mitulungi kowe nalika kowe dadi kurban arêp dipatèni mau. Apa kowe wis ora kèlingan.

Nonah Jinê sangêt gumunipun, sarta lajêng apitakèn malih: Lo, punika bab punapa, têka panjênêngan ngandika manawi mitulungi saking bêbaya pêjah. Punapa kula kêkalih ing samangke punika botên pêjah, pêpundhèn kula.

Ing samangke Tarsan lajêng anyèlèhakên Nonah Jinê kaandhapakên wontên pasukêtan, lan gêgêripun kasèndhèkakên wontên ing wit agêng. Saking panêdhanipun Nonah Jinê, Tarsan lajêng ngadêg sawatawis têbih wontên ing sangajêngipun supados sagêd anyawang cêtha dhatêng wujudipun Nonah Jinê.

Tarsan mongsal-mangsuli têmbungipun Nonah Jinê: Mati, mati, sasampunipun lajêng gumujêng latah. Saha awicantên: Ora, kowe kuwi ora mati, Jinê. Saupama kowe bali nyang kutha Opar manèh, sarta kowe gêlêm apitakon marang wong-wong kang padha manggon ana ing kono, mêsthi kowe bakal olèh wangsulan, yèn aku ora mati ora barang. Ora, têlênging katrêsnanku, kowe lan aku ora mati, isih urip tur kanthi bagas kuwarasan.

Nonah Jinê wicantênipun sajak yêktosan: NaningNanging. Nonah Hasêl Sêtrong tuwin Tuwan Turan, punika kalih-kalihipun sami anyariyosakên, bilih kala samantên, nalika sami numpak baita, pintên-pintên pal têbihipun saking dharatan, panjênêngan sampun sirna kacêgur ing sagantên. Lan kalih-kalihipun ugi sami nyariyosakên dhatêng kula, bilih mokal saupami panjêngan sagêda angsal pitulungan. Dene anggènipun Nonah Jinê wicantên makatên wau, jalaran piyambakipun piyambak ugi sampun tumut nêtêpakên, bilih Tarsan tamtu pêjahipun.

Kanthi gumujêng Tarsan awicantên: Kapriye anggonku kudu awèh katêrangan supaya kowe bisa mangrêti lan marêm, yèn aku iki iya mung wong balaka, têgêse dudu setan utawa dhêmit. Mula iya nyata, yèn Tuwan Turan kang andêmênakake kae, ora dak nyana pisan-pisan, saka ing buri marani aku ujug-ujug sing aku ora wêruh, banjur ngangkat aku sarta banjur anjêgurake aku marang sagara. Nanging aku ora banjur mati kalêlêb ing banyu sagara - bab iki ing besuk bakal tak andharake nyang kowe kapriye mungguh kaanane kabèh - nanging mungguhing saiki, aku ngadêg ana ing ngarêpanamu kayadene nalika dhèk jamane aku isih wong alasan balêjêt kae, mulane kowe iya aja nganti kagèt wêruh wujudku iki. Sabab mungguhing saiki sanyatane aku wis bali kaya wong alasan manèh.

Nonah Jinê lajêng alon-alon ngadêg sarta amurugi Tarsan.

Kanthi suwara ingkang lirih sangêt, Nonah Jinê awicantên: Ewasamantên kula mêksa botên sagêd pitados, punapa inggih badhe sagêd kalampahan, wontên kabêgjan ingkang samantên agêngipun punika. Ingatasipun samantên agênging kasusahan lan kasangsaran ingkang kula sandhang, ing sasampunipun kapal Lèdhi Alisê kèrêm.

Salajêngipun Nonah Jinê anyakêti Tarsan ngantos cakêt sangêt, tanganipun ingkang alus sarta andharêdhêg lajêng anyêpêngi baunipun Tarsan saha wicantên malih makatên: Ing samangke punika bokmanawi kula sawêg supêna, dados botên dangu malih kula têmtu nglilir tuwin lajêng anyumêrêpi lampahing lading ingkang dipun cêpêng dening wanita pangagênging agami ingkang badhe kadhawahakên kangge nuwêg pulunging manah kula. Dhuh, pêpundhèn kula kaparênga kula anggadhahi panuwun sakêdhik dhatêng panjênêngan, ing sadèrènging ical pasupênan kula punika, mugi-mugi panjênêngan trêsaakrêsaa. paring tôndha sih katrêsnan dhatêng kula, inggih punika: krêsa angaras dhatêng kula [ku...]

--- 1532 ---

[...la] kados sacaraning jalêr lan èstri ingkang sampun trêsna sangêt, badhe pêpisahan, botên badhe pinanggih malih.

Panêdhanipun Nonah Jinê ingkang sajak mêlas asih punika, sangêt adamêl lêganipun Tarsan, amila panêdhanipun wau botên dipun kaping kalihi malih, Nonah Jinê lajêng dipun rangkul alon, sarta lajêng dipun aras, botên namung sapisan, nanging ngantos marambah-rambah, bokmanawi malah ngantos langkung kaping satus. Sanadyan ing kala samantên Nonah Jinê ngantos kongah-kangèh, nanging rêsêp lan lêganing manahipun, pangrangkulipun Nonah Jinê mêksa botên purun nguwalakên.

Salêbêtipun makatên wau, Tarsan tansah botên kèndêl anggèning anakèni dhatêng awakipun piyambak makatên: Lo, aku kiyi apa pancèn iya urip, apa pancèn iya kaya ngene iki têmênan, apa kabèh iki sabênêre mung impèn thok bae.

Nonah Jinê amangsuli: Dhuh, Tarsan, manawi panjênêngan punika pancèn botên gêsang yêktos, panuwun kula dhatêng Ingkang Mahakuwasa, mugi-mugi pêjah kula punika lêstantuna pêjah kados makatên punika, sampun ngantos anglilir malih salajêngipun anyumêrêpi lêlampahan sanès.

Sakêdhap kados dipun sapih sakalih-kalihipun lan kèndêl botên sami asabawa, ngêmungakên apandêng-pandêngan kemawon, kadosdene sêmayan manahipun, sami rangu-rangu botên apitados dhatêng kawontênan ingkang sakalangkung elok ingkang sami dipun lampahi wau punika. Sakathahing kawontênan ingkang sarwa damêl giris, nalôngsa, sangsara tuwin sasaminipun, ing wêkdal punika sirna sadaya, pikiranipun: botên prêlu manah barang ingkang sampun kapêngkêr, botên prêlu manah lêlampahan ingkang badhe dhatêng, nanging ing wêkdal wau punika rumaosipun pun jalêr (Tarsan) tuwin èstri (Nonah Jinê) inggih samangke punika ingkang kêdah kadamêl sênêng-sênêng ingkang sampurna, awit inggih wêkdal punika, wêkdal ingkang tanpa pambêngan babar pisan, jalaran botên badhe kalampahan tiyang badhe angrêbat sarta badhe angarubiru. Ing wusana Nonah Jinê ingkang lajêng anglairakên rumiyin saraosing manahipun, têmbungipun:

Dhuh pêpundhèn kula, lah kula kêkalih punika lajêng badhe sami dhatêng pundi, sarta badhe kadospundi.

Tarsan malês pitakèn: Sing kok kêdugani dhewe arêp mênyang êndi, lan sing kok sênêngi dhewe arêp apa.

Wangsulanipun Nonah Jinê: Kula namung badhe andhèrèk dhatêng pundi tindak panjênêngan, punapa malih kula inggih badhe anglampahi kadosdene punapa ingkang panjênêngan sêdya.

Ing wêkdal punika Tarsan supe, bilih ing donya punika botên ngêmungakên namung wontên tiyang kêkalih punika, nanging taksih wontên tiyang sanèsipun malih. Nanging sakala punika lajêng grêg, kèmutan saha lajêng kawêdal pitakènipun dhatêng Nonah Jinê makatên: Lo kêpriye kabare Kleton, têka aku lan kowe banjur lali saplêngan marang bojomu.

Nonah Jinê enggal-enggal amangsuli: Lo, Tarsan pêpundhèn kula, kula punika babar pisan dèrèng nglampahi emah-emah, malah pêpacangan mawon botên. Ing dintên sadèrèngipun kula dipun tawan dening têtiyang ingkang wujudipun anggêgilani lan angajrih-ajrihi punika, kula sampun suka katêrangan dhatêng Tuwan Kleton ing bab katrêsnan kula dhatêng panjênêngan, lan ing sakala punika piyambakipun inggih lajêng mangrêtos, bilih kula botên sagêd anglêksanani dhatêng prajangjian kula kalihan piyambakipun. Anggèn kula anglairakên têmbungan kula makatên wau, inggih punika nalika kula kêkalih kataman bêbaya badhe dipun môngsa ing singabarong, dumadakan wontên kaelokan ingkang lajêng sagêd angluwari bêbaya pêjah punika. Ing kala punika Nonah Jinê ujug-ujug lajêng grêg kèndêl anggènipun wicantên, sarta lajêng angawasakên dhatêng Tarsan sarwi apitakèn: Tarsan bôngsa wanara, punapa panjênêngan ingkang mitulungi kula kêkalih saking bêbaya pêjah ing kala samantên. Botên kenging botên têmtu panjênêngan, awit manawi tiyang sanès têmtu botên kuwawa amitulungi bêbaya ingkang samantên agêngipun.

Mirêng pitakènipun Nonah Jinê ingkang makatên wau, Tarsan lajêng tumungkul rumaos isin sangêt.

Sajak maibên, Nonah Jinê lajêng pitakèn: Sabab dening panapa têka panjênêngan lajêng angoncati.

Kanthi ngasih-asih Tarsan lajêng amangsuli: O, Jinê, lah hambok aja kobacutake pitakonmu kang kaya mêngkono kuwi. Awit aku ora bisa anggambarake kapriye gêdhening susah lan panalangsaku ing kala samono. Jalaran kang dhisik saka kêmropoking atiku banjur anuwuhake pamuring-muring lan panutuh marang pêpêsthèning awakku kang dak anggêp sangsara iki. Mulane saka mutunging atiku, aku banjur bali marang padununganing kêthèk, sarta niyat ora bakal bali manèh amor lan pasrawungan karo manusa. Salajêngipun Tarsan tumuntên angandharakên lêlampahanipun salêbêtipun wangsul dhatêng wana malih wau, inggih saking drajatipun satunggiling tiyang bôngsa Paris ingkang sampun luhur bêbudènipun, lajêng mlorot dados prajurit wanan bôngsa Wasiri, lan saking prajurit wanan wau, lajêng kaplorot malih dados kêthèk wangsul sauni-uni, gêsang kadosdene alitipun. Badhe kasambêtan.

Isinipun: Kawontênanipun Itali kalihan Ngabêsi - Santun-sumantuning Dhawuh - Lotre - Pawartos saking P.T.T. - Adpêrtènsi - Amatêsi Lêbêtipun Ban Motor sarta Gêndhis Batu - Kabar Warni-warni - Wêwaosan.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 97, Stu Kli, 11 Pasa Jimakir 1866, 7 Dhesèmbêr 1935, Taun X

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1533] ---

Ôngka 97, Stu Kli, 1011. Pasa Jimakir 1866, 7 Dhesèmbêr 1935, Taun X

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka ing sawingkinging kantor Palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Tatwawara

[Mijil]

Jagad gêdhe lawan jagat cilik / ana daya loro / nanging bèncèng karsa salawase / ngalor ngidul tansah apradondi / sijine ngêngkoki / yèn kang luwih luhur //

luwih rosa lan luwih sinêkti / tur nyata mangkono / mula kudu tinurut prentahe / yèn ana kang nêdya wanuh wani / gêdhe nyulayani / cilike bêkunung //

wasesane dadakan nêkani / nora nganggo mêngko / wêruh-wêruh gulu wus tinalèn / nadyan puringisan amundêlik / saya dèn singsêti / sambat tulung-tulung //

ora ana kang bisa nulungi / kajaba Hyang Manon / yèn mung cacak janma lumrah bae / dikêtoga gunane ywa kari / masa anêdhasi / tiwas kêmpas-kêmpus //

dene daya mau kang sawiji / mung rumasa asor / nora pisan wania gumêdhe / nora pisan wania ngêngkoki / yèn kang luwih sêkti / lan kang luwih luhur //

nanging sapa kang gêlêm anganthi / lan kang gêlêm nganggo / kinaliskên mring wasesa kabeh / saupama ana tali prapti / tan kôngsi tumali / wus lêbur dadyawu //

--- 1534 ---

Kawruh Sawatawis

Santun-sumantuning Dhawuh Pranatan Nagari tumrap Karaton Dalêm Surakarta Adiningrat, ing taun 1889-1916.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 94.

Wasana wiwit kala samantên, sanasumewa sampun kasantunan wangun bangsal, wiyaripun botên beda kados ingkang lami, nginggil apayon gêhal pintên-pintên atus lêmbar kaêcèt biru, cacah wuwung tigang lajur kagandhèng dados satunggal, parabot kajêng jati, tosan sami ugi kaêcèt biru, pyan kajêng, sarasah ngandhap, blêg sadaya marmêr, mawi undhak-undhakan kêmput têpung gêlang, nginggil rinêngga ing gambar-gambar pêpulasan maneka warni, kawarti ragadipun têlas dasanan ewon, nanging lajêng sampun botên kajawahan sarta andandosi malih. Sapunika bangsal siwayana ugi dipun mulyakakên sae. Manawi sowanipun sêsarêngan kalihan para tamu tuwan-tuwan bôngsa Walandi, ing ngriku lênggahipun pindhah mawi kursi, dados botên kados jaman wingi-wingi, lênggah lesehan têrus.

Kajawi tigang panggenan kasêbut nginggil ingkang dipun bangun enggal, sanès-sanèsing panggenan malih ugi wontên, kados ta: ing lêbêt baluwarti, sakubêngipun dipun santuni pagêr tembok wêwangunan enggal, iyasan gêdhong pamulangan pintên-pintên panggenan, sadaya kalêbêt ing sanasumewa kasêbut nginggil, lajêng sami dipun wontêni pajagèn abdi prajurit panjêran rintên dalu lêstantun dumugi sapriki.

LIII. Bab mulyakakên pasarean.

Ing taun 1902 èngêt-èngêtan, nagari angundhangakên waradin, awit saking kaparênging karsa dalêm Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun, kadhawuhan mulyakakên pasareanipun para agung ingkang sumare ing Kitha Agêng. Ingkang pasang anjumênêngakên saka guru prabayasa pasarean wau, panjênêngan dalêm Kangjêng Radèn Adipati piyambak saha para kangjêng pangeran ingkang kapetang sêpuh akanthi para bupati nayaka saandhahanipun.

[Grafik]

Masjid ing Kitha Agêng.

Ing nalika samantên nagari andhawuhakên dhumatêng para abdi dalêm agêng alit ingkang kalêrês gadhah lampah nagari, sami kadhawuhan andhèrèk dhumatêng Kitha Agêng, ingkang mangagêngi Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, kanthi para kangjêng pangeran. Kajawi abdi dalêm, sadhengah ingkang sumêdya andhèrèk (nglarag): kaparêng, namung kêdah mangangge miturut ingkang sampun katamtokakên. Makatên malih [ma...]

--- 1535 ---

[...lih] têtumpakan saprêlunipun, kêdah mirantos piyambak-piyambak. Bidhalipun saking Surakarta dumugi sêtatsiun Tugu (Ngayogya), nitih sêpur N.I.S. saking sêtatsiun Tugu dumuginipun Kitha Agêng, nitih kapal miyos ing muja-muju. Kala samantên tram saking Tugu dumugi sêtatsiun Basèn dèrèng dumados, utawi lèpèn Gajahwong tiyang langkung taksih nyabrang, dening dèrèng wontên karêtêgipun, pandhèrèk priyantun panèwu mantri: lampah agêng sadaya kêkapalan arak-arakan, pangagêman prajuritan. Rawuh ing Kitha Agêng masanggrahan ing surambi masjid asêsarêngan kalihan para kangjêng pangeran sêpuh-sêpuh punapadene para agêng ing nagari Ngayogya, ugi sami kadhawuhan Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, sêsarêngan nunggil prêlu anjumênêngakên prabasuyasa pasarean wau. Sasampuning wanci lajêng sami tumandang ing damêl. Sasampuning cêngkorongan prabayasa pasarean jumênêng jangkêp, para kangjêng pangeran saha pangagêng-pangagêng sami dhahar kêmbul ing surambi, sêsarêngan para panèwu mantri manggèn ing bangsal-bangsal palataran surambi.

[Grafik]

Bangsal juru kunci pasarean ing Kitha Agêng.

Ing Kitha Agêng padamêlan taksih lêlajêngan, ingkang anggarap padamêlan abdi dalêm kalang, tukang batu tuwin sanès-sanèsipun sadaya gêlakan. Kirang langkung salêbêtipun nêm wulan padamêlan sampun rampung: kawontênanipun pèni, sarwa marmêr, tembok ukir-ukiran, sêkar-sêkaran, wontên ugi ingkang mawi kapraos jêne. Dumugi sapriki taksih lêstantun dèrèng ewah. Malah wiyaring pasarean wêwah saking yasanipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogya.

P.K. 585.

Wara-wara

Gêgayutan kalihan kathahipun liburan ing wulan Dhesèmbêr punika, administrasi ngaturi uninga, bab anggèning ngintunakên bêlangko wisêl tumrap kuwartal I taun 1936, badhe dipun ajêngakên.

Panyuwunipun administrasi, mugi para ingkang nampi kintunan wau, lajêng kêparêng anggalih ing saprêlunipun, supados botên kacuwan ing panggalih jalaran botên priksa lajêngipun cariyos: Tarsan.

--- 1536 ---

Pawartos Sanès Praja

Pasulayanipun Itali kalihan Ngabêsi.

Ingar-ingêring pabarisan, Itali tuwin Ngabêsi saya katingal, wosipun sami nindakakên pangangkah, supados unggul ing pêrang. Ingkang makatên punika pancèn dados ulah kawêgiganing para senapatining paprangan, mila pundi ingkang kalêrêsan ingêripun, inggih sagêd unggul.

[Grafik]

Pandhita-pandhita bôngsa Ngabêsi mêntas sêmbahyang ing Grija, nênuwun manggiha padhamèn.

Ing sasampunipun kalampahan paprangan ing sisih kidul, wadya Ngabêsi pinanggih kapara unggul, ingêripun, Itali lajêng santun gêlar, makatên ugi Ras Nasibu ingkang sapunika wontên ing paprangan, lajêng mindhah têlênging pabarisan ing Jijiga dhateng sakidul Dagabhur. Ing ngriku wadya Ngabêsi saya ngangsêg majêng, kapurunanipun saya katingal.

Tandangipun wadya Ngabêsi ing paprangan adamêl mônggogingmôngkoging. kabangsan, malah minggahipun dumugi Nata Ngabêsi pisan, ugi sami kemawon, mila sri nata rêna ing panggalih ngantos rawuh piyambak wontên ing papan paprangan. Kaparêngipun Nata Ngabêsi lajêng badhe nêmpuh mêngsah rosan-rosan, saha sampun dipun sayogyani wontên parêpatan babagan paprangan. Tindak nata badhe ngantos sawatawis dintên, dene putra nata, sang pangeran adipati, badhe jumênêng wêwakil.

Ing kala punika wadya Itali ing sisih lèr pasang gêlar, supados wadya Ngabêsi purun majêng pangangsêgipun wontên ing Makalle, nanging Ras Seyoem ingkang dados têtindhihing pabarisan, botên kêkilapan dhatêng gêlar ingkang kados makatên punika, mila gêlaripun [gêlar...]

--- 1537 ---

[...ipun] Itali wau dipun anggêp kados tiyang pasang kala ingkang botên angsal dêdamêl. Ingkang punika lajêng katitik bilih pêrangan punika tumraping Itali kêpêksa tindak cekat-cèkêt, malah pabarisan Itali ing Tigre saya dipun santosani, kangge anjagi panêmpuhing wadya Ngabêsi, ingkang kakuwatosakên manawi sagêd mêdhotakên sambêtanipun pabarisan Itali.

[Grafik]

Untabing wadya Ngabêsi dhatêng paprangan.

Kajawi punika Itali gadhah tindak angayomi dhatêng têtiyang siti ing ngriku, têtiyangipun ingkang pantês sami dipun dadosakên pangagêng, sadaya dipun ayomi dening Itali.

Ual-Ual inggih punika ing sisih kidul, punika sampun dangu anggèning dipun broki ing wadya Itali, ing pangraos lôngka sagêdipun kêrêbat dening Ngabêsi malih, nanging nyatanipun, miturut pawartos tanggal 29 Nopèmbêr Ual-Ual saèstu kenging karêbat dening wadya Ngabêsi malih.

Tumrapipun nata ing Ngabêsi, katingal bilih ingkang dipun wigatosakên pabarisan ing sisih lèr, nanging sagêd ugi anggèning botên mangidul, saking sampun pitados dhatêng senapatinipun. Kawartosakên [Ka...]

--- 1538 ---

[...wartosakên] ing tanggal 29 Nopèmbêr, sang nata sampun bidhal dhatêng pabarisan salèring Dessie dipun dhèrèkakên ing para pangagêng kadhaton.

Mirid grêgêting wadya Ngabêsi, katingal bilih badhe nêmpuh yêyêktosan, punika kasêksèn dening panêlikipun Itali piyambak, inggih punika nalika motor mabur Itali wontên sanginggiling talaga Ashangi nyumêrêpi gêgrombolaning wadya Ngabêsi ingkang katingal sarwa mirantos ing dêdamêl kangge nanggulangi mêngsah saking gêgana. Punapadene prabot-prabot kabêtahaning paprangan katingal mêpêki.

Wadya Itali ingkang dipun tindhihi dening Jendral Mariotti ngangsêg wadyanipun Ras Kassa ing sisih lèr. Dene pamalêsipun wadya Ngabêsi tansah ngrêsahi ing padhusunan ngriku.

Ing ngajêng tumraping Itali kados botên ngintên bilih kadadosaning paprangan pinanggih kados makatên, saya dangu sêsanggènipun pinanggih saya awrat. Ing sapunika wontên pawartos, Sang Mussolini ngintunakên wadya malih dhatêng Lybie 20.000. Ing ngajêng wadya wau sampun dipun dhawuhi wangsul, nanging sapunika malah badhe dipun indhaki pangintunipun, kajawi punika ugi nyantosani pajagèn ing pasisiripun Itali, prêlu kangge ngayomi rakyat Itali ing sauruting pasisir.

Manawi ngèngêti tindakipun Itali ingkang kados makatên punika, anocogi kados wartos-wartos ingkang sampun, bilih gêgayutanipun Itali kalihan nagari-nagari sanès, pinanggih sarwa wigatos. Kados sapunika tumrapipun Amerikah, pangagênging panggaotan lisah pèt ing Californie apratela, bilih panggaotan lisah ing Amerikah, samôngsa wontên dhawuh saking parentah, inggih lajêng badhe ngèndêli anggèning sade lisah dhatêng Itali. Môngka manawi mirid kawontênan, panggaotan lisah ing ngriku punika pancènipun botên gêgayutan kagiyankalihan. babagan awisan, nanging sarèhning ombyaking lêlampahan sawêg kados makatên, sadaya sami ngangkah manggiha katêntrêman.

Dene tumrapipun Prancis kalihan Inggris, pinanggih tansah gêgandhengan, malah Prancis suka sumêrêp dhatêng Itali, samôngsa wadya lautan Inggris ing lautan têngah utawi papan sanèsipun tinêmpuh ing mêngsah, Prancis badhe ambiyantu Inggris. Makatên ugi ing bab awisan lisah, Prancis inggih anggolong dhatêng Inggris. Sayêktosipun tindakipun Prancis ingkang makatên punika katingal sajak namung sarwa pakèwêd dhatêng Itali, awit ing ngajêng pancèn sampun gêgandhengan, nanging sapunika sarêng wontên lêlampahan kados makatên, Prancis kêpêksa nindakakên rekadaya ingkang prêlu kangge mikantukakên dhatêng badanipun piyambak.

Mirid lêlampahan ing ngajêng, Prancis anggèning gêgandhengan kalihan Itali, punika namung araosan pados kônca anggèning sujana dhatêng Jêrman. Nanging sarêng wontên lêlampahan ingkang nuwuhakên sabab kados ingkang pinanggih sapunika. Prancis kêpêksa nyantuni ada-ada.

Manawi makatên, pasulayanipun Itali kalihan Ngabêsi punika katingal anggènipun tansah nyampe dhatêng liyan.

--- 1539 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Bôngsa Batak.

Dèrèng watawis dangu ing sêrat-sêrat kabar dipun wartosakên, bilih ing Kriyan sacêlakipun kitha Majakêrta wontên tiyang ingkang nêdha tiyang. Kondhangipun tiyang wau dados dhukun. Miturut pamanggihipun dhoktêr, tiyang wau ragi kirang lêrês pikiranipun.

[Grafik]

Bôngsa Batak èstri.

Ananging miturut pambaginipun salah satunggalipun murid ingkang maguru dhatêng dhukun wau, sababipun makatên:

Ing satunggiling dintên tiyang wau mirêng suwantên saking nginggil kados makatên: hèh manungsa, yèn sira kêpengin dadi dhukun kang pinunjul, sira kudu anglakoni dadi buta dhisik sawatara sasi. Pramila piyambakipun lajêng nyêmbêlèh tiyang.

Kawontênan ing nginggil punika ingkang anjalari kula badhe anyriyosakên salah satunggiling bôngsa ingkang ambêg dênawa. Inggih punika bôngsa Batak ing kala rumiyin.

Bôngsa Batak punika satunggiling bôngsa ingkang manggèn ing paresidhenan Tapanuli (Sumatra). Cacah jiwanipun wontên 600.000. Têtiyang Batak punika manggèn ing marga, inggih punika kampung.

Satunggal-tunggilipun marga, gadhah pangagêng piyambak. Pangagêng marga punika dipun aosi sangêt. Manawi nuju pasamuwan piyambakipun lênggah ing nginggil piyambak. Manawi piyambakipun sawêg nabuh gamêlan ingkang kawastanan gondhang, utawi sawêg jêjogedan, botên kenging dipun arubiru.

Kacariyos ing jaman kina wontên satunggiling pangagêng marga ingkang dipun suwurakên kêsdik sangêt. Pangagêng wau anama Singamangaraja. Ilatipun kêbak rambut, sintên ingkang ningali ilatipun mêsthi pêjah sanalika. Pramila piyambakipun botên nate ginêman, punapa malih mangap. Punapa kêkajênganipun dipun sêrat, kados ta badhe nêdha, badhe ngombe, sadaya dipun sêrat saha dipun sukakakên dhatêng rencangipun.

Singamangaraja punika sagêd andhatêngakên jawah, utawi anyêbar bêntèr.

--- 1540 ---

Kadhang-kadhang Singamaharaja tilêm anjungkir, sirahipun wontên ing ngandhap, suku ing nginggil. Sanalika sadaya têtanêman ing sabin-sabin sami tumut anjungkir, wêkasan têtiyang ing ngriku sami bingung. Têtanêman sagêd pulih kados waunipun manawi ing margi (kampung) dipun wontênakên karamean saha Singamangaraja dipun ulêmi.

[Grafik]

Griya bôngsa Batak.

Miturut dongèng, Singamangaraja punika putranipun Raja Hubungna. Sadèrèngipun Singamangaraja lair, Raja Hubungna sampun kagungan putra kalih.

Ing satunggiling dintên Raja Hubungna kêkesahan ngantos dangu. Ingkang èstri sarêng dipun tikartilar. ingkang jalêr, kesah dhatêng sêndhang cêlak wana: Sumbaun solu-solu, prêlu badhe adus. Ing ngriku piyambakipun kêpanggih jim, botên antawis dangu piyambakipun wawrat.

Ngantos pintên-pintên taun bayi dèrèng mêdal. Sarêng sampun jangkêp pitung taun, garwanipun Raja Hubungna ambabar, ananging ingkang mêdal buntêlan isi kapuk.

Raja Hubungna nêpsu sangêt, buntêlan dipun banting-banting saha cêkasanwêkasan. dipun bucal.

Dumadakan icaling buntêlan wau dados lare jalêr ingkang bagus warninipun. Lare wau botên nêdha, kados Gathutkaca ing ringgit purwa piyambakipun enggal agêng. Ing waktu punika namanipun dèrèng Singamangaraja. Sarèhning piyambakipun rêmên main, botên dangu sadaya bandhanipun têlas, piyambakipun lajêng dipun tundhung. Badhe kasambêtan.

Suyana-Adinata.

--- [1541] ---

[Iklan]

--- 1542 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Amatêsi Lêbêtipun Ban Motor sarta Gêndhis Batu

II

Petruk: Dadi, Kang Garèng, kayadene sing wis tak kandhakake ing ngarêp, nagara kagungan krêsa nganakake aturan anyar amatêsi mlêbune barang-barang mônca ana ing tanahe dhewe kene kiki,kiyi. sêdyane pancèn iya apik tênan, yaiku nêdya mitulungi bangsane dhewe iki. Luwih manèh amatêsi mlêbune ban motor, kiyi saya utama manèh.

Garèng: Hla, nèk iki aku cocog bangêt, Truk. Apa manèh jamane kurang dhuwit kaya saiki kiyi, yèn lumêbune ban motor, ana ing kene diwatêsi, kuwi bathine akèh bangêt Truk, kaya ta: gumintê bisa ngirit wêtune dhuwit sasayahira. Wong-wong kang manggon ana ing kutha, bisa nyambung nyawane sawatara dina, ing dunya kene bisa ambêsinêh ... ngaruara lan pangangluhe wong urip.

Petruk: Wèh, ora nyandhak aku nyang omongmu kuwi, ana mlêbune ban motor ana ing tanahe dhewe kene diwatêsi, têka bathine anèh-anèh mêngkono. Mara têrangna nyang aku saka siji, cikbèn cêmêmplong pikiranaku.

Garèng: Kang kapisan, gumintê bisa ngirit wêtuning dhuwit sapirang-pirang, lo, kiyi rak wis cêtha bangêt, ta Truk, yaiku mangkene: nèk lumêbune ban motor diwatêsi, wohe têmtune: rêganing ban motor banjur: clingkrik, munggah ...

Petruk: Wèh, basa Jawa kiyi têka mêsakake bangêt, saya suwe saya rusak-rusak. Kayadene omongmu kuwi rak padha bae karo basa Mlayu: sayah tidhak tinggal dhi sini, dijawakake: kula botên tilar wontên ing ngriki, mêngkono uga basa Mlayu: harganyah makin naik, kok jawakake, rêgane saya munggah.

Garèng: Gênahe saiki lagi rêmbugan prakara basa apa prakara liya. Apa rumasamu kuwi basamu Jawa wis ambêlagêd kaya gudhêg, apa kowe ora kèlingan dhèk biyèn nyang Surakêrta kowe diunèkake priyayi Sala: ê-wèh, mulane Jawane kacêl.

Petruk: Lo, kuwi ora sabab saka arêp mêmoyok aku, nanging saka sêmanake priyayi Sala. Wong durung suwe kiyi nalikane aku saba nyang Surakêrta manèh, iya anêksèni sêmanake priyayi Sala manèh. Kala samono anggonku dandan tak salak-salakake bangêt, nganti rumasaku dhewe, saupama diaranana wong ing jêro bètèng iya wis pantês, ewasamono iya banjur ana priyayi Sala sing sêmanak takon nyang aku mangkene: Panjênêngan punapa priyantun guprêmenan. Ing sarèhne kala samono rumasaku kaya wong Sala jêkèk, aku iya rada gumun, kok iya wêruh, mulane aku banjur malês takon: Kok priksa panjênêngan. Kuwi wangsulane: inggih, tiyang

--- 1543 ---

inggih katawis, mênika ... padharan ragi nonong. Lo, kuwi iya ora jan arêp mêmoyok, nanging iya saka sêmanake mau. Wis, wis, saiki banjurna katêranganmu, Kang Garèng, kêpriye sabanjure yèn rêganing ban motor mundhak.

[Grafik]

Garèng: Yèn rêganing ban motor banjur dadi larang, kuwi têmtune bisa anjalari akèh wong sing padha wêgah ngingu motor. Saya suda cacahe motor ana ing tanahe dhewe kene kiyi, têmtune nagara, luwih manèh gumintê, saya bisa ngurang-ngurangi wêtuning dhuwit. Sabab mungguhing saiki, saka dening akèhe wong sing padha ngingu motor, amrih saya akèh manèh, kuwi banjur tansah dibudidaya, supaya bisa kumplit kanikmatane wong-wong mau. Wong nunggang motor kuwi rasane: anglêr, nanging nèk dalane sing kudu diambah motor mau pating brênjul, têmtune anglêre iya banjur kêcampuran: gêdhobyak-gêdhobyak- ngug-ngug (iki rasane ana ing wêtêng) mulane dalane iya kudu digawe rata, diêlus, digawe apik sing sasayahe kae, supayane wong nunggang motor bisa ngrasakake: lêr-lêr-cês-cês-ngono kae. Saka anggone arêp ambêcikake dalan-dalan mau, nganti lali, yèn sing ngambah ing dalan kuwi ora mung motor thok, nanging iya ana wong urip sing dilairake ana ing dunya mung ditakdirake dikon ngodhok ajêgan, kajaba iku iya ana têtunggangan liyane, kaya ta: dhokar, dhilman, kareta lan sapêpadhane ...

Petruk: Mêngko sik, Kang Garèng, sabênêre pikiranaku rada pating slêbar ngrungu katêranganamu kiyi. Mungguh karêpmu kuwi anane dalan-dalan saiki kiyi apa kurang apik apa kêpriye.

Garèng: Iya wis bêcik bangêt, wis kinclong-kinclong sarta iya wis kaya: pipi alus diêlus-êlus, loso-loso, nanging iya mung kanggo motor, sing nunggang bisa ngrasakake anglêr. Nanging wong urip sing langganan ngodhok ajêgan, yèn ngambah dalan kono ing wanci awan, tanpa disêngaja kapêksa kudu: anggodril nganggo sikile mincêk-mincêk barang kae, dene mungguh

--- 1544 ---

dene mungguhe jaran tunggangan utawa jaran tarik, sanadyan jalaran saka alusing dalan mau, banjur ora tau nginanthi kêsandhung-sandhung, nanging sakalasaka. lunyune banjur sok kêrêp kêplèsèt. Mara, Truk, anggone ambudidaya supaya dalan-dalan mau bisa: mêling-mêling kaya gêndul, kincling-kincling kaya gêlas, lan alus kaya pipining rôndha ... kêpengin laki, lo, kuwi waragade bae pira. Banjur anggone ngupakara sabên dinane, ngisik-isik, mêdhaki, mupuri, lo, kuwi ngantêm waragad pira manèh ing dalêm sasasi-sasine. Nèk ing wusana jalaran saka mlêbune ban motor diwatêsi mau, cacahe motor banjur suda, kiraku banjur suda anggone motor tansah dadi anak mas, kang kudu ngambah dalan sing kêmêncling mau. Sabanjure mêsthine dalan-dalan banjur ora diprêdi kaya saiki, anggêre wis rata lan salus sawatara wis cukup. Hara, apa iki ora nyuda akèh wêtuning dhuwit gumintê.

Petruk: Wawasanmu mungguhing dalan, kuwi sanyatane rada kaliru, Kang Garèng. Anggone ing sakawit dalan-dalan digawe rata, alus sarta kinclong-kinclong, kuwi karêpe pancèn iya bêcik bangêt, kajaba supaya dalane katon apik, pangupakarane iya ora pati angèl. Nanging sêmune saiki kanane wis ngrasa tobat mêncit, awit ngrumasani yèn dalan digawe kaya saiki kiyi, ora nyukupi kaya kang dadi pangarêp-arêpane, yaiku mau, kajaba jaran gampang kêplèsète, uwong mlaku bisa ginjal-ginjal jalaran saka panasing aspal, saka lunyune motor iya bisa slib. Mulane saiki ya lagi direkadaya, supaya dalan-dalan mau bisaa murah waragade, murah pangupakarane, lan anyukupi panganggone. Kapriye pambudidayane bisa kalakon mêngkono, êmbuh, aku ora wêruh, sabab aku dudu: ndara mandhor opsihtêr. Wis, wis, Kang Garèng, ing sarèhne kowe aku iki dudu bangsane ahli dalan, luwih bêcik aja kêdawa-dawa anggone ngrêmbug bab iki. Saiki têrangna kandhamu ing ngarêp, kuranging cacahe motor têka bisa nyambung nyawane wong-wong kang dumunung ana ing kutha sawatara dina.

Garèng: Awit cara gumintê kuwi, sanadyan mung dalan, iya ana undha-usuke, dadi ora beda karo uwong, iya ana sing duwe titêl: radèn mas arya, ana sing radèn mas, radèn, mas, nanging iya ana sing mung: kenthol ngantèn bae, sanadyan tumrape dalan-dalan mau beda le ngarani, yaiku: dalan klas siji, klas loro, klas têlu lan sapadhane. Sing dianggêp dalan apik dhewe iya iku sing klas siji, sing klas loro wis rada suda, mêngkono sabanjure. Saya dhuwur klase, saya akèh waragade dalan-dalan mau, iki atêgês: ing sarèhne gumintê kudu andandani lan mulasara dalan-dalan sing klas-klasan mau, wong-wong sing manggon ngarêpake dalan, iya kudu mèlu urun, ora klayan manasuka, nanging ditêmtokake: kudu sêmene, kudu sêmene, iki miturut klas-klasing dalane, kang ing wusana ora diarani: dhuwit urunan, nanging pajêg dalan. Hara, dhuwit iki saupama ora dithèthèli ing gumintê, apa ora kêna kanggo nyambung nyawa.

--- 1545 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKI.

Ki Ajar Dewantara têtêp yuswa 48 taun. Kala tanggal 2 Siam punika ing Ngayogya wontên paargyan mèngêti anggèning Ki Ajar Dewantara têtêp yuswa 48 taun. Ingriku mawi ngawontênakên babadan comite ingkang dipun pangajêngi dening Mr. Suyudi. Dhawahing pêrlu kathah ingkang sami rawuh, ngantos atusan. Ingkang sami rawuh wau para agêng, guru-guru pamulangan têngahan, tuwin sanès-sanèsipun, Tuwan E. Gobee, Adviseur Inl. Zaken ugi rawuh. Kathah ingkang misungsung sêkar. Têtingalanipun, panêmbrama, pêthilan ringgit tiyang tuwin sanès-sanèsipun. Ngantos lingsir dalu sawêg bibaran. Wilujêng.

Pabrik dlancang enggal. Wontên pawartos, botên dangu ing Jawi Wetan badhe wontên pabrik dlancang enggal. Ingkang nyambut damêl ingriku wontên tiyang gangsal-atusan.

Ingsêr-ingsêran. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Wetan: Radèn Astrokusumo wêdana ing Têrjun, Kabupatèn Pamêkasan, ugi Kabupatèn Pamêkasan dados wêdana Pagantenan. Mas Ngabèi Sumodikoro, wêdana Pagantenan, Kabupatèn Pamêkasan dados wêdana ing Kangean Kabupatèn Sumênêp. Radèn Abdulrachman, wêdana ing Kangean, Kabupatèn Sumênêp, dados wêdana ing Torjun Kabupatèn Pamêkasan. Sami Paresidhenan Madura.

Redacteur kalawarti "Pembela" dipun èngêtakên. Kalawarti "Pembela" ing Sêmarang, ingkang dipun redakturi Tuwan Alhakim, nêmbe mêdal sapisan sampun tampi pêpèngêt saking ingkang wajib, supados kalawarti wau anggèning ngêwrat karangan sampun araos botsih kados ingkang kapacak ing hoofdartikel. Manawi pêpèngêt punika botên dipun gatosakên, Pembela badhe dipun patrapi persbreidel.

Pabrik barang satêngah dados. Wontên pawartos, ing Jawi Wetan badhe wontên pabrik nampèni barang ingkang sampun mèh dados. Nanging sarèhning jamanipun sawêg kados makatên, bab wau sawêg kandhêg wontên ing rêmbag. Pabrik wau tumrapipun ing Jerman sampun wontên, anampèni barang-barang ingkang sampun satêngah dados saking Australie, nanging pinanggihing waragadipun langkung awis. Dados saupami fabrik wau madêg ing tanah Jawi têmtu badhe irid. Tindak makatên punika pikantukipun warni-warni tur botên adamêl kapitunaning sanès.

Nanggulangi sêsakit lepra ing Blora. Wiwit wulan punika, ing Blora, tumindak nanggulangi sêsakit lepra ing laladan ngriku. Tumindaking damêl katata: Ing sabên dhusun pundi ingkang kintên-kintên wontên tiyangipun sakit lepra, supados kapriksakakên dhatêng doktêr. Têtiyang ingkang sakit kulit lajêng dipun pilihi, pundi ingkang sakit lepra yêktos lajêng katêtêpakên, ing satunggal-satunggaling dhusun wontên tiyang sakit lepra pintên. Sasampunipun têtêp makatên lajêng nindakakên tatanan madosi tiyang sakit lepra, nindakakên anjampèni tuwin caraning nata gêsanging têtiyang ingkang sakit wau. Tiyang ingkang nêmbe sakit, gampil sagêdipun katulungan. Sanadyan ingkang sampun lami, waton dèrèng risak inggih taksih kenging dipun upakara. Tumrap bawah Kabupatèn Blora kawontênakên wêwêngkon kalih panggenan, ing Blora tuwin Randublatung. Satunggal-satunggaling wêwêngkon wau anggadhahi polikliniek, tumrap Blora ing dhusun: Sempu, Wantilgung, Banjararja, Blora, Jêpon tuwin Bogorêjo. Tumrap Randublatung: Joken, Cêpu, Kêdungtuban, Kradenan, Randublatung tuwin Doplang.

Wadhuk ing Surakarta. Miturut pawartos, irrigatie ing Surakarta ngawontênakên rancangan saening pambage toya. Ing pangangkah badhe damêl wadhuk ing Sukaharja satunggal, tuwin Sragèn kalih panggenan. Rêrigên wau ngangkah murih manawi nuju mangsa katiga sampun ngantos kakirangan toya.

Panyêrêg ingkang tinampi sae. Toko Jêpan Sumatra Sokai ing Palembang, pinanggih gêlaran mawi sêratan Arab, ingkang suraosipun nyêbut asmaning Pangeran. Ing bab punika nuwuhakên botên narimahipun golongan Islam, dipun anggêp ngrèmèhakên, lajêng nindakakên panyêrêg dhatêng toko wau. Sarêng toko Jêpan tampi panyêrêg ingkang kados makatên punika, cariyos botên badhe nyade barang wau malih, saha lajêng telegram dhatêng pabrikipun, supados ngèndêli anggènipun damêl tuwin ambêsmi barang ingkang sampun wontên. Dene barang ingkang wontên ing toko ngriku inggih dipun pasrahakên supados kabêsmi, saha kalampahan.

Dipun priksa kasarasanipun. Tuwan Mondt, tilas administrateur ing Sumbêrbopong ingkang sapunika wontên ing griya sakit ewah ing Sumbêr Porong, awit saking dhawuhipun Justitie kadhawuhakên mriksa kasarasanipun, lêrês sakit èngêtan punapa botên.

Nyuwun dipun singkirakên dhatêng Mêkah botên kaparêngakên. Wontên pawartos, Tuwan Firdos (Harun Al Rasyid) tilas hoofdredacteur Adil ingkang rumiyin nate kasingkirakên dhatêng Digul, sarèhning ing sapunika kagalih dening parentah adamêl kirang prayogi, badhe kawangsulakên dhatêng Digul malih. Tuwan Firdos lajêng gadhah panyuwun supados kaparêngakên manggèn wontên ing Mêkah kemawon. Nanging panyuwunipun wau botên kaparêngakên, amargi tatanan nyingkirakên dhatêng sajawining praja, ing sapunika sampun botên wontên.

Ing Surabaya mèh wontên pêrang alit-alitan. Wontên pawartos, ing Surabaya mèh wontên pêrang alit-alitan saking golongan bangsa Tionghoa totok, inggih punika golongan Kingo tuwin Go. Sampun nate wontên pasulayan jalaran rêbatan tamu ingkang badhe sipêng wontên ing hotèlipun. Sarêng wontên kapal saking Tiongkok dhatêng, pasulayanipun saya sangêt. Golongan wau sami adêdamêl pistul. Tujunipun bab punika lajêng kasumêrêpan pulisi, saha kenging kasirêp. Nanging salajêngipun taksih dados pajagèn.

Sampun bidhal dhatêng Bali. golongan para ngudi kawruh ing Surakarta ingkang badhe darmawisata dhatêng Bali sampun bidhal, dipun pangajêngi dening R.Ng. Wignyopangukir, amargi R.M.Ng. Wirioatmojo kêpambêng kathah padamêlan. Dene R.Ng. Wignyopangukir punika rumiyin sampun nate wontên ing Bali laminipun nêm taun, sinau kawruh ngukir, mila tumrap wontênipun ing Bali sampun anjajah.

Pulisi botên kenging sikêp dêdamêl wontên sangajênging pangadilan. Mr. Dutry van Haeften, pangarsa Landraad ing Bêtawi, angawisi pulisi ingkang dados saksi majêngipun dhatêng ngêrsaning pangadilan angangge dêdamêl pêdhang sapanunggilanipun, kajawi tumrap pulisi ingkang ngladosakên pasakitan anjagi wontên sandhingipun. Tatanan makatên punika awêwaton suraosing anggêr kukum. Kêjawi punika tumraping papriksan landraad-summir, Mr. Dutry van Haeften botên mawi ngawontênakên pangulu, cêkap katindakakên dening jaksa.

--- 1546 ---

Kathah pamelikan ingkang badhe dipun bikak malih. Ing taun punika sampun wontên papan pamelikan ingkang dipun bikak malih. Mirit pawartos, benjing taun 1936 ing Pangkalpinang badhe wontên ingkang kabikak malih kalih panggenan. Sagêd ugi ing sanès panggenan ugi lajêng makatên. Sanadyan badhe kathah papan pamelikan ingkang kabikak malih, nanging botên badhe ngangge kuli bangsa Tionghoa, cêkap ngangge kuli bangsa Jawi kemawon, samantên punika manawi kuli Jawi nyêkapi.

Bibliotheek gadhahanipun suwargi Tuwan Ottolander. Ing sasedanipun Tuwan Ottolander, gadhah tilaran bibliotheek sae sangêt, isi buku-buku ing bab babagan nênanêm ing tanah ngriki. Awit saking rêmbaging para waris, buku-buku wau badhe kapasrahakên dhatêng Besoekisch Proefstation, ingkang rumiyin Tuwan Ottolander gêgayutan kalihan babagan ingriku. Dados sampun sarwa mathuk kalihan pigunaning buku-buku ing bibliotheek wau.

Sepeda damêlan I.M.I.W. Cursus damêl speda saking ada-adanipun I.M.I.W. ing Ngayogya ingkang sapunika manggèn ing metaalgieterij Tisius, badhe pindhah dhatêng panggenan anggènipun nyukani N.I.S. Murid ingkang nyambut damêl ingriku wontên 20, ananging dèrèng wontên ingkang kasêmbadan sagêd damêl speda, amargi wontên abên-abênan ingkang dèrèng nocogi. Dene ing sapunika sampun sagêd manggihakên ingkang andadosakên sabab-sababipun. Kintên-kintên botên dangu I.M.I.W. badhe sagêd nglêbêtakên dagangan speda wontên ing tanah ngriki.

Matêsi ès. Miturut pawartos, pakaryan pabrik-pabrik ès ing Bêtawi badhe dipun wontêni watêsan. Tumrapipun tanah Jawi badhe dipun perang-perang, tumrap pabrik ing sajawining watês wau botên kenging nglêbêti. Tatanan makatên wau sawêg dados panggalihaning parentah. Tumrap ing Sêmarang ugi mêntas wontên parêpataning para pangagênging pabrik ès supados damêl tatanan ingkang cocok kados ingkang dados kaparênging parentah.

ASIA.

Peiping dipun kêpang wadya Jêpan. Ing sapunika wadya Jêpan manggèn wontên ing Tungchow, Changchiawan tuwin Nanyuan, ingkang sêmu ngêpang Peiping. Miturut sêmu, kados badhe anggêbag Peiping. Wadyanipun Sung Chih Yuan taksih manggèn ing lèripun Tungchow, kadangkala pasulayan kalihan wadya Jêpan. Nanging kawusananipun lajêng sami sewang-sewangan. Motor mabur Jêpan katingal anggêgana nitipriksa dhatêng Paoting. Wontên wartos malih wadya Jêpan ingkang mangangge mardika adamêl ebah-ebahan wontên Nanyuan, anggrêtak badhe ngênggèni papan anggêgana. Kajawi punika ugi niti kawontênaning motor mabur Tionghoa. Wadya Jêpan nêdya njêmbarakên papan anggêgana ing Tungchow tuwin Tientsin.

Wang Ching Wei dipun bêdhèl malih. Dr. New Hui Ling tuwin Dr. New Hui Seng, dipun biyantu Dr. Knol sampun ambêdhèl sariranipun Wang Ching Wei malih, pêrlu mêndhêt mimis ingkang taksih angrêm, nanging kandhêg mimis dèrèng kenging, amargi Wang Ching Wei botên tahan dipun bêdhèl ngantos dangu, mila kêdah dipun dumugèkakên ing sanès dintên. Sanès dintên dipun lajêngakên pambêdhèlipun dening doktêripun Wang Ching Wei piyambak, sagêd kalampahan tanpa sabab satunggal punika.

EROPA.

[Grafik]

Pogokan ing papan pamelikan. Ing Nine Mile Point, Zuid-Wales, wontên kuli pamelikan cacah 70 sami mogok, botên purun mêdal saking salêbêtipun papan pamêlkanpamêlikan. manawi panêdhanipun dhatêng lalurahipun botên dipun pituruti. Dene panêdhanipun wau supados ngèndêli kuli ingkang botên miturut dhatêng tatananing kuli-kuli ingriku. Ing salêbêtipun kuli-kuli wau dèrèng mêdal para kulawarganipun tansah ngêntosi wontên ing jawi ngantos ngêbêki panggenan.

--- 1547 ---

Wêwaosan

Wangsulipun Tarsan

Piridan saking buku karanganipun Tuwan Edgar Rice Burroughs.

58

Salajêngipun Nonah Jinê apitakèn mawarni-warni dhatêng Tarsan, ingkang ugi dipun wangsuli kalayan lêga lan sênênging manah. Anggènipun Nonah Jinê anggadhahi pitakèn warni-warni wau, botên sanès inggih jalaran saking pandamêlipun Turan alias Rokop, ingkang kala kêmpalipun kalihan Nonah Jinê wontên ing baita, tansah nyariyosakên awoning lêlampahanipun Tarsan. Pungkasanipun Nonah Jinê lajêng anakèkakên kawontênanipun wanita darah luhur ing Paris, inggih punika Nyonyah Grapin Olgah Dhêkudhe. Salajêngipun Tarsan tumuntên anyariyosakên sadaya lêlampahanipun nalika wontên ing Paris tanpa wontên ingkang dipun langkungi, makatên ugi anyariyosakên lêlampahanipun ingkang gêgayutan kalihan wanita kasêbut ing nginggil, wiwit kawitan ngantos dumugining pungkasan. Cara anggènipun Tarsan angandharakên sadaya lêlampahanipun wau, kanthi balaka suta, awit Tarsan angrumaosi kanthi têmên-têmên, bilih manahipun têtêp sêtya dhatêng pun Nonah Jinê, amila miturut pamanggihipun, awon sae inggih lajêng kacariyosakên sadaya, sasampunipun rampung anggèning Tarsan nyariyosakên sadaya lêlampahanipun wau, lajêng tanpa kêdhèp tansah anyawang dhatêng Nonah Jinê, kadosdene angêntosi badhe kadospundi wangsulan utawi pamrayoginipun Nonah Jinê.

Nonah Jinê lajêng wicantên: Ing kala samantên kula inggih sampun ngraos, bilih Turan punika goroh. E, wontên tiyang têka ngantos samantên mênggahing awon lan asoring bêbudènipun.

Mirêng cariyosipun Nonah Jinê ingkang makatên wau, Tarsan rumaos ayêm manahipun, awit angrumaosi, pawicantênanipun dipun gêga. Amila piyambakipun lajêng enggal-enggal pitakèn dhatêng Nonah Jinê makatên: Dadi kowe rak iya ora nêpsu karo aku ta, Nonah Jinê.

Bawanipun Nonah Jinê punika satunggiling wanita, dipun pitakèni makatên wau, rewa-rewa botên mirêng, nanging malah lajêng malês pitakèn. Mênggah têmbungipun makatên: Punapa Grapin Olgah Dhêkudhe punika ayu sangêt.

Tarsan gumujêng latah saha lajêng angaras dhatêng Nonah Jinê, sarwi awicantên: Wah, ayune iya ora ana sêparone yèn dipadhakake karo kowe.

Mirêng cariyosipun Tarsan ingkang makatên wau, Nonah Jinê rumaos cumêplong manahipun, sarta lajêng nyèlèhakên sirahipun kasèndhèkakên ing dhadhanipun Tarsan. Ing ngriku Tarsan inggih lajêng mangrêtos, bilih Nonah Jinê sampun botên anggadhahi manah runtik malih.

Dalunipun Tarsan adamêl papan patilêmanipun Nonah Jinê wontên ing sanginggiling wit-witan agêng ingkang kawak ing antawising pang-pang ingkang inggil, dene Tarsan piyambak, tilêm wontên ing pang sangandhaping patilêmanipun nonah kalayan tansah ajagi-jagi, amrayitnani samôngsa-môngsa wontên bêbaya ingkang andhatêngi.

Botên kacariyos anggènipun sami ngaso tilêm wontên ing sanginggiling wit-witan wau. Enjingipun, Tarsan tuwin Nonah Jinê sami arêrêmbagan nêdya dhatêng gisikan, inggih punika tilas papan palêrêmanipun Nonah Jinê ingkang kala rumiyin. Dene pikajêngipun mriku punika, niyatipun sumêdya anuwèni kadospundi kawontênanipun Kleton. Tiyang kalih lajêng sami bidhal. Nanging lampahipun saking ngriku dumuginipun papan ingkang sinêdya, punika nglangut, lampahan têbih sangêt ngantos pintên-pintên dintên. Amila salêbêtipun sami lumampah, tiyang kêkalih wau, manawi nuju mrangguli papan ingkang sakeca dipun lampahi, inggih sami nurut ing dharatan. Lampahipun wau tansah agêgandhengan, wontên ing sangandhaping kêkajêngan ingkang ayom kalayan agêgujêngan kangge anglipur sayah. Kawontênanipun têtiyang kalih, inggih Tarsan kalihan Nonah Jinê wau punika, ingkang prasaksat tanpa pangangge, lajêng katingal gêgambaranipun tiyang kina bôngsa wanan ing kala jamanipun Nabi Adam. Manawi lampahipun lajêng amrêgoki kawontênan ingkang makèwêdi, inggih punika manawi ngambah bêbondhotan, gêgrumbulan, lan sasaminipun, Nonah Jinê lajêng dipun bopong dening Tarsan kabêkta lumampah anurut pang-panging wit-witan inggil. Saking anggènipun têtiyang kalih sami kalêgan ing manah tuwin kabombong ing kawontênan, ngantos sami angrumaosi, bilih dintên-dintên ingkang sami [sa...]

--- 1548 ---

[...mi] dipun lampahi punika, katingalipun cêlak-cêlak sangêt. Saupami tiyang kêkalih wau botên kêncêng sêdyanipun anggèning badhe kapengin anyumêrêpi kawontênanipun Kleton, bokmanawi saya dipun dangu-dangu anggèning sami andon lêlana wau, malah kintên-kintên dipun ôngka supados lampahipun wau tanpa wontên wusananipun.

Sarêng lampahipun kirang sadintên saking dumuginipun ing gisik ingkang sinêdya, ujug-ujug Tarsan mambêt gandaning jalma manusa. Tarsan anggènipun anggônda lajêng dipun wigatosakên, ing ngriku lajêng kasumêrêpan, bilih punika gandaning tiyang cêmêng. Ingkang makatên wau Tarsan lajêng anyariyosakên dhatêng Nonah Jinê saha ngèngêtakên sampun ngantos anyabawa. Mênggah wicantênipun Tarsan makatên: Kawruhana, Nonah Jinê, sajêroning alas kene kiyi sanyatane arang bangêt kang kêna diarani mitra.

Salajêngipun, Tarsan kanthi ambopong Nonah Jinê lampahipun turut wit-witan sarana ngatos-atos sangêt. Sarêng lampahipun wau kirang langkung satêngah jam, lajêng anyumêrêpi golongan prajurit cêmêng bôngsa wanan ingkang sawêg lumampah nuju mangilèn. Saya cêlak saya cêlak lampahipun têtiyang cêmêng wau, saya cêtha wujudipun. Saking bingah-bingahipun Tarsan sanalika ngriku lajêng anjêlih. Awit têtiyang cêmêng ingkang sawêg sami dhatêng punika, botên sanès kajawi para mitranipun lami, inggih punika têtiyang bôngsa Wasiri. Malah ingkang dados têtindhipun grombolaning têtiyang bôngsa cêmêng wau, pun Busêli, inggih punika mitranipun Tarsan. Punapa malih antawisipun para prajurit cêmêng wau, ugi kathah têtiyangipun ingkang kala rumiyin sami angiringakên nalika dhatêng kitha Opar. Makatên ugi gêgrombolaning têtiyang cêmêng wau, sarêng sumêrêp Tarsan, saking kagèt lan bingahipun, sanalika sami ajêrit-jêrit sarta lajêng sami ajêjogedan. Miturut cariyosipun, têtiyang cêmêng wau pancèn nêdya madosi dhatêng Tarsan, lan anggènipun madosi wau sampun pintên-pintên minggu laminipun.

Sarêng para prajurit têtiyang cêmêng sami sumêrêp wontên wanita ingkang warninipun endah sangêt sarta pakulitanipun pêthak, gumun sangêt ngantos sami andomblong panyawangipun. Salajêngipun sarêng têtiyang wau mangrêtos bilih wanita punika calon ingkang dados têtimbanganipun Tarsan, lajêng sami rêbat ngajêng anggoninganggèning. sami badhe angaturakên pambagi wilujêng. Wusana Tarsan kalihan Nonah Jinê anglajêngakên lampahipun, kaurung-urung dening para prajurit Wasiri, ingkang sami cêrik-cêrik ajêjogedan saurut margi, lan botên antawis dangu lampahipun tiyang sadaya wawau. dumugi ing papan tilas palêrêmanipun Nonah Jinê ing kala samantên.

Sadumuginipun ing ngriku, ing papan wau katingal nyênyêt botên kamirêngan sabawa punapa-punapa, sanadyan têtiyang ingkang sawêg sami dhatêng wau tansah abêngak-bêngok undang-undang, ewasamantên mêksa botên wontên ingkang anyauri. Tarsan lajêng anyatakakên minggah ing wit-witan prênahing papan palêrêmanipun Nonah Jinê, lan botên dangu malih lajêng mandhap kalihan ambêkta wadhah toya ingkang sampun kothong, wadhah toya wau lajêng kaulungakênatdhêngkaulungakên dhatêng. Busêli kapurih mêndhêtakên toya, salajêngipun Tarsan nuntên suka sasmita dhatêng Nonah Jinê kapurih tumut minggah.

Wontên ing nginggil sakalih-kalihipun sami anungkuli satunggiling tiyang jalêr ingkang badanipun sampun kêra sangêt tanpa daya babarpisan, gumuling ing ngriku botên sagêd ebah. Sarta botên badhe wontên tiyang ingkang nyana-nyana, bilih ingkang gumlethak wau satunggiling bôngsa luhur darah Inggris, inggih punika: Kleton. Nyumêrêpi kawontênan makatên punika, Nonah Jinê botên sagêd nahan dhawahing luhipun saking karônta-rônta tuwin trênyuhing manahipun, jalaran Kleton ing kala samantên: brêgas, bagus lan sarwa sêmbada, samangke têka agantos sipat ingkang amêmêlas sangêt, awit badanipun kêra sangêt, mripatipun anggêrong, pipinipun kêmpong katingal risak sangêt.

Tarsan lajêng awicantên: Saiki dhèwèke isih urip. Mula ayo padha digulawênthah sing nganti olèh pitulungan, ananging aku mêksa anduwèni kuwatir, dening têkaning kene iki sajake wis kasèp.

Sarêng Busêli dhatêng ambêkta toya, têrus kaombèkakên katètèsakên dhatêng antawising lambe ingkang abuh lan untunipun ingkang sampun kancing. Bathukipun ingkang karaos bêntèr dipun pyok-pyok ing toya lan baunipun ugi dipun têlêsi.

Botên watawis dangu Kleton sagêd angêlèkakên maripatipun, sanalika Kleton katingal mèsêm. Nanging sarêng anyumêrêpi wujudipwujudipun. Tarsan ingkang ugi tumut anungkuli piyambakipun, sanalika èsêmipun wau lajêng gantos polatan ingkang nelakakên gumuning manahipun. Badhe kasambêtan.

Isinipun: Tatwawara - Santun-sumantuning Dhawuh - Kawontênanipun Itali kalihan Ngabêsi - Bôngsa Batak - Adpêrtènsi - Amatêsi Lêbêtipun Ban Motor sarta Gêndhis Batu - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

--- 189 ---

Nomêr 48, taun V

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu.

Cangkriman

Wah, kônca, kônca, aku têka gumun bangêt, dene sabên ana mitra kang urun cangkriman ing Taman Bocah kene, masthi kumrubut kang padha ambatang, tur racak-racake padha bênêr. Kuwi mratandhani, manawa mitra-mitra padha sênêng marang cangkriman, nanging iku uga mayar bêcik, amarga bisa ngundhakake kawruh sawatara, lan bisa agawe sênênging ati. Lo, kandhaku iki ora nganggo dak wuwuh-wuwuhi, nanging nyata. Tumrape aku, manawa bisa ambatang cangkriman, wah bungahing atiku sadhingklik têmênan, wis, wis, kônca. Aku saiki dak gênti nyangkrimi, kaya ing ngisor iki:

1. Ana jênênging barang piranti kanggo ngajèni, kadadean saka têlung wanda, manawa sawanda kang têngah koilangi sandhangane, banjur bisa dadi têmbunge anggone ngajèni mau. Lah, apa araning barang iku.

2. Ana wowohan, arane, gunggunge rong wanda, nanging sanajan pamacamu kok walik, yakuwi saka têngên mangiwa, uga nuli bisa nganakake jênênge wowohan manèh, malah rasane luwih mirasa. Woh apa kuwi.

3. Ing tanah Jawa Têngah, ana kutha, jênênge yèn kok tulis ana patang wanda.

Wanda nomêr 1+2 = nêrangake jênênge kewan.

Wanda nomêr 1+3 = dadi têmbung kang têgêse mèmpêr karo: kônca. Wanda nomêr 1+4 = bisa nganakake araning pulo ing kapuloan Sundha cilik. Wanda nomêr 3+4 dadi kosokbaline eling. Yèn diwalik 4+3 dadi watak bêcik. Wanda 4+2 dadi tunggale têmbung seje. Wanda 3+2 têmbung Kawi kang têgêse ora urip. Mara badhenên, kutha ngêndi kuwi.

Kaslan. Siswa: H.I.S.P. Salatiga.

Batanganing cangkriman

I. Bandera - bandara.

II. Kudhu - dhuku.

III. Bayalali.

--- 190 ---

Gambar Idhup

Tumrape bocah ing jaman saiki, wêruhe mênyang gambar idhup mung kari sampurnane, kaya ta gambar idhup bisa clathu.

Yèn ngèlingi ananing gambar idhup ing dhèk biyèn, tinêmune beda bangêt, malah ing sakawit durung kêna diarani gambar idhup, lagi gambar sorot lumrah bae, kang ing saiki diarani gambar mati.

[Grafik]

Ing dhèk biyèn, anane tontonan bangsane kaya ngono mau mung kalane yèn nuju ana karamean kang gêdhèn, tumrape Surakarta yèn nuju Sakatèn. Lumrahe kêlire mung cilik, gambare prasaja bangêt, bangsane wong adus ana kali, byur-byuran ing banyu, sêpur mlaku, sapanunggalane.

Gambar idhup kaya ngono iku wis gawe gumuning uwong ora karu-karuan, gumune dene banyune ketok muncrat-muncrat, sêpure glêsêr-glêsêr kaya mlaku têmênan.

Suwe-suwe banjur mundhak manèh nganggo lakon. Ing kono tumrape kang nonton anggone migatèkake kamoran ing bab lakone.

Sabanjure ing saiki ana gambar idhup nganggo bisa clathu, critane apik-apik, musik lan mênyanyine padha disênêngi ing wong akèh, nganti padha ditirokake ing bocah.

Suwe-suwe kêbacuting gunêm, wong nonton gambar idhup ing jaman saiki saksat kaya nonton bangsawan, dadi mung kaya ubêngan bae.

Dene ing bab pirantine, mêsthine saya luwih sampurna tinimbang kang uwis-uwis. Wujude kaya kang kacêtha ing gambar.

Gambar idhup iku ana kang ora kêna ditonton ing bocah. Mulane gambar idhup iku, ing sadurunge, pilême dipriksa dening kang wajib dhisik. Dene gambar kang kêna ditonton bocah, iya pancèn dianakake dhewe.

Nanging uga ana gambar idhup kang malah dadi tuntunan anjêmbarake kawruh, kang ditonton ing para murid pamulangan kang wis padha ngumur.

--- [191] ---

Padha Ngaku Kalah

Durèn iku tumrape kang doyan, nganti dikerata atêgês: madu lèrèn, dening rasane lêgi tumêk, alus, sapanunggalane.

Ana wong loro, jênêng Kasan karo Kasban, padha misuwur doyan durèn, yèn mangan durèn nganti kaya umuk-umukan, malah padha sumbar-sumbaran, Kasan kaduga ngêntèkake pitu, Kasban ngungkuli kaduga ngêntèkake sapuluh. Kasan uga banjur nututi: sapuluh iya êntèk.

[Grafik]

Kalakon, wong loro banjur nyêpakake durèn nyapuluh, sawise katata banjur wiwit mangan lendam-lèndêm.

Barêng Kasan anggone mangan lagi êntèk lima, wis krasa mungkug-mungkug, arêp dibacutake wis ora kaduga, wusana mung thêlêg-thêlêg sêmu isin, karo nyawang anggone mangan Kasban, isih lendam-lèndêm bae.

Ing kono Kasban wêruh yèn mungsuhe balapan mangan durèn wis mogok, tansah nglirik karo mesam-mèsêm, sabanjure gela-gelo, gèk monthak-manthuk, kaya patrape wong ngiwi-iwi, ora lèrèn-lèrèn.

Kasan barêng wêruh diiwi-iwi, atine ora tahan banjur ngajêgngadêg. nyat, nyotho githoke Kasban karo muni: Aku wis kalah, aja koiwi-iwi.

Kasban barêng dibithi githoke, banjur mangap, klothak, mêtu ponggene saka cangkêm, sarta banjur muni: Aku wis kalah.

Katrangane Kasban mau jêbul kêlêlêgên pongge, ajaa dibithi Si Kasan, mêsthi katiwasan.

Barêng wong loro padha ngrêti, banjur padha angguyu.

Dadi wose, mêmangan kang kaya ngono iku ora bêcik.

--- 192 ---

Ala Winalês Bêcik

X

6. Misuwure desa Pakis

[Pocung]

wis misuwur critane saya kalantur / yèn ing Pakis ana / wong bagus kêluwih-luwih / akèh wong kang nyatakke saka nagara //

pating jrêdhul wong kang têka ambarubul / malah ing pangira / padha krasan ana Pakis / suwe-suwe rêjane kaya nagara //

lurung-lurung swarane nganti sumruwung / akèh uwong liwat / pêpasaran andalidir / pating krêngkit wong mikul ing dalan-dalan //

mêngko nuju Radèn Sigit lagi mêsu / dening ngrungu warta / yèn nagara Tlagawêning / nuju ana sayêmbara putra nata //

iya iku putra putrine sang ratu / ora karsa krama / yèn ora condhong ing galih / mula banjur nganakake pêpilihan //

mung wong têlu anggone lênggahan iku / padha arêrasan / pak Pawira amiwiti / kula gumun dhatêng cara ing nagara //

ngantos ngungun dene ingkang sampun-sampun / laki rabi desa / petangipun ragi gampil / cekat-cèkêt pinanggih wontên wong tuwa //

nuli nyundhul Wirapati sêmu mrusul / wong ya adat desa / dhêdhasare tani mlêni / bab jodhoan tanpa dipikir kang dawa //

mung anggugu watake wong tani lugu / jênêng isih bocah / kêsusu dikon nglakoni / jêjodhoan kaya digawe dolanan //

ora mathuk yèn aku durung kêpêthuk / ana ing nagara / Radèn Sigit anyêlani / desa mawa cara praja mawa tata //

yèn korêmbug mung sarwa agawe kogug / nanging prêlu apa / yèn uwis dirasa bêcit /bêcik. tumrap liyan butuhe mung kari nyawang //

salin catur aku mêngko arêp tutur / ing sabisa-bisa / tatane ing kene iki / rah-arahên supaya dadi prayoga //

aja ewuh kapara kaduk pituduh / sajrone padesan / gawenên kang rada mirib / kayadene kalumrahane nagara //

liya iku yèn kowe wong loro sarju / arêp tak jak lungan / nyang nagara Tlagawêning / aku arêp anglêboni sayêmbara //

sapa wêruh yèn aku kang bisa ngundhuh / wohing sayêmbara / Pawira ambêkis muni / kula tanggêl tamtu ingkang badhe bêgja //

mirid bagus dhasaripun inggih lurus / upami padosa / bok gih sajêgipun urip / tamtu botên badhe manggih kados dara //

rada nyêndhu Wirapati kôndha sêru / iku yèn wong desa / ngêlêm anggêr gêlêm muni / ora nganggo ngêtrapke duga prayoga //

sêmu guyu Radèn Sigit munggêl clathu / iya uwis lumrah / wong kang kêcondhongan pikir / pangalême ngungkuli lêgining kula //gula.

aja gumun pangumpak kang nguyun-uyun / awit ora beda / lan panacad padha uni / Pak Pawira andhingkluk ing ati krasa //

nuli matur: ngatên wataking aluhur / manawi kataman / pangalêm botên kêdugi / cêtha têmên kabatosanipun ngegla //

sêmu guyu Wirapati sambung clathu / dene iku bisa / lan satêmêne ya ngrêti / marang rasa kaalusan tatakrama //

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 99, Stu Pa, 18 Pasa Jimakir 1866, 14 Dhesèmbêr 1935, Taun X

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

Prabu Nala

Ing sêrat babadipun Pandhawa kacariyosakên, bilih nalika Prabu Yudhisthira kawon main catur kalihan Kurawa, lajêng kabucal dhatêng wana, laminipun kalih wêlas taun. Ing ngriku Prabu Yudhisthira sakalangkung sêkêl galihipun. Wusana lajêng wontên pandhita dhatêng, nama Wrêhanaswa, anglipur, mawi suka sumêrêp bilih lêlampahanipun Prabu Yudhisthira wau botên amiyambaki. Jaman kinanipun inggih sampun nate wontên ratu manggih sangsara jalaran kawon anggènipun main dhadhu. Nanging wusananipun, awit saking panalôngsa, lajêng angsal pitulunganing dewa, sagêd malês ngawonakên mêngsahipun, ngantos karatonipun sagêd wangsul malih.

Wondene ratu ingkang kacariyosakên dhatêng pandhita wau, inggih punika Prabu Nala, ingkang lêlampahanipun kados ingkang kaandharakên ing sêrat punika.

Sami-sami dêdongengan ingkang kawrat ing Sêrat Mahabarata, cariyos lêlampahanipun Prabu Nala punika kalêbêt cariyos ingkang sae sangêt.

Pancènipun ingkang dados bakuning cariyos: Dèwi Damayanti, garwanipun Prabu Nala, inggih punika satunggiling putri ingkang têtêp tekadipun, ngantêpi dhatêng kautamèn, ngantos sagêd angêntasakên ingkang raka Prabu Nala saking papa cintraka. Nanging sarèhning cariyosan wau tumanjanipun kaangge anglipur dhatêng Prabu Yudhisthira, mila ingkang dipun katingalakên inggih namanipun Prabu Nala. Wasana misuwuripun inggih lajêng lêstantun nama cariyosipun Prabu Nala.

Sêrat wau kawêdalakên mawi sêkar, sastra Jawi, awit cariyosipun, mligi namung kagêm ing para sêpuh, têgêsipun ingkang sagêd kraos utawi ngraosakên, namung para sêpuh.

Kangge icip-icip, kula aturi pêthikan sakêdhik, kados ing ngandhap punika, inggih punika rêrêpènipun Dèwi Damayanti nalika utusan madosi murcanipun ingkang raka Prabu Nala.

Lonthang

Dhuh dhuh adhuh botoh ingkang sampun ngalap / sinjang kula sapalih kang lajêng nilap / tan pêpoyan nilar kula lir wong kalap //

lah paduka wontên ing pundi samangkya / môngka kula punika garwa kang sêtya / dene têka paduka tilar pribadya //

tanpa rowang wontên samadyaning wana / tur nalika paduka nis nilar kula / kula taksih eca nendra lir susawa //

lah samangke èstri kang paduka tilar / nadyan ngantos gêsange katiwar-tiwar / nanging sampun gênah dununge tan samar //

sapunika sangêt anandhang sungkawa / tan wontên lyan kang tansah dèn arsa-arsa / mung kang ngagêm nyamping pêpalihanira //

wit punika kang dados têlênging manah / lan dununging katrêsnan kang tan kênowah / kang kaèsthi salami ywa ngantos pisah //

mila kados cipta paduka kadadak / manahipun kalangkung gènipun risak / tanpa giyak lir wong sakit ngagak-agak //

mung paduka rina wêngi kang ginagas / milanipun pawèstri ingkang mêmêlas / mugi nuntên paduka glape mrih waras //

dening dahat kasmaran turidasmara / sari-ari manggung dènnya rawat waspa / dipun enggal ruwatên cintrakanira //

sampun ngantos kalajêng nandhang kung rimang / lah paduka karsaa paring pêpadhang / ingkang sagêd amberat rêntênging gêsang //

mamrih dados usadaning lare brôngta / gunturana ing sabda kang manuhara / lah saiba sukaning tyas tanpopama //

Sêrat cariyosipun Prabu Nala.

Rêginipun murwat kalihan wujud saha isinipun 154 kaca namung ... f 0.75.

Wêdalan - Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm.

--- [1565] ---

Ôngka 99, Stu Pa, 18 Pasa Jimakir 1866, 14 Dhesèmbêr 1935, Taun X

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1,50 bayaran kasuwun rumiyin botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Tatwawara

[Pangkur]

Luhur-luhuring darajat / yêkti amung sira para narpati / mulyaning mulya sawastu / mung anèng pra hartawan / soring asor iku watêk kang balubud / sapa sugih pakarêman / yèku cilaka kang mêncit //

nadyan sakèh pra hartawan / kadibyane sarwa ngungkul-ungkuli / kwasane tan ana nyundhul / tan luput kang sinêdya / bêbasane sabarang cinipta rawuh / nanging isih winasesa / mring ratu kang mêngku nagri //

de kang sugih pakarêman / nadyan tansah nandhang siksa ngluwihi / sadina-dina mung gêbug / kang tiba maring angga / parandene cinadhang lungguh nèng dhuwur / êmbuh dèn mor karo sapa / nanging mêksa lungguh nginggil //

yèn si blubud wus kajaba / babarpisan wus ora olèh linggih / dlojag-dlajig ngonyar-nganyur / têmah dèn singkang-singkang / lan mung kanggo guyon mring kang padha lungguh / mangkono wêwarahira / para kang paramèng budi //

--- 1566 ---

Kawruh Sawatawis

Darmawisata dhatêng Sarangan.

Sabên taun ing môngsa padusan, inggih punika tanggal kaping 29 Ruwah, sampun dados kalimrahanipun, para neneman sami sênêng-sênêng, utawi plêsir dhatêng papan dununing pasiraman. Tumrap ing kitha Surakarta, manawi kalêrês ing dintên kasbut ing nginggil wau sami dhatêng Balekambang, Manahan, bawah Mangkunagaran, dhatêng Langênharja, wontên ing bêngawan sangajênging pasanggrahan dalêm KangjêKangjêng. Sinuhun ing Surakarta, wontên ingkang dhatêng Pêngging, ugi kagungan dalêm pasiraman, ing papan ngriku têmtu rame, kathah sangêt para neneman utawi lare sami lumban wontên ing umbul utawi balumbang, ingkang pancèn sampun kasadhiyakakên kangge padusan.

[Grafik]

Sawangan lèpèn Gênthong, Madiun.

Awit saking sarujuking para pamitran kula ing Sala, adamêl darmawisata dhatêng Sarangan bawah Magêtan, Madiun. Ugi prêlu namung sênêng-sênêng dhatêng padusan Talaga Pasir, Sarangan, wondene bidhalipun kala ing dintên Sênèn tanggal kaping 29 Ruwah taun punika, kanthi nyewa bês, ingkang tumut wontên sadhèrèk 24, urunan ngalih rupiyah. Kintên-kintên kirang langkung jam 2 siyang sampun sami ngalêmpak wontên ing sus abipraya, sasampunipun kapotrèt lajêng pangkat nuju dhatêng kitha Madiun, lampahipun anglangkungi Kabupatèn Ngawi, dumugi ing Ngawi kintên-kintên jam 1/2 5 sontên, wontên ing ngriku kula sami badhe nêdya ningali ingkang karan bètèng pêndhêm (Fort van den Bosch) dumugi ing ngriku lajêng sami badhe lumêbêt, nanging dipun pambêng kalihan ingkang jagi ngriku, jalaran manawi lumêbêt ing ngriku kêdah nyuwun palilah rumiyin dhatêng kantor kabupatèn, ingkang prênahipun ragi sawatawis têbih kalihan bètèng wau. Awit saking sih pitulunganipun panjênênganipun Mr. Karta Adinagara, presidhèn landrad ing Ngawi, kasambutan pit, pangajêngipun darmawisata lajêng numpak pit dhatêng kantor kabupatèn, kapanggih kalihan R. Sujana, opsihtêr ing Ngawi, lajêng kaparingan Vergunning, bewijs, enggalipun lajêng sagêd lumêbêt ing bètèng [bè...]

--- 1567 ---

[...tèng] dalah sabêsipun, lajêng mubêng-mubêng ningali bètèng wau. Miturut katranganipun ingkang tinanggênah jagi bètèng, pandamêlipun bètèng punika ing taun 1839, wiwit dipun ênggèni Kumpêni, wontên taun 1845 dumugi 1924, salajêngipun ing wêkdal ungsum pangiridan (Bezuiniging) Kumpêni kadadosakên satunggal pindhah dhatêng bètèng sanès, wiwit taun 1926 lajêng kangge pangupakaraning lare nakal (s' Lands opvoedingsgesticht). Botên dangu, pangupakaraning lare kapindhah dhatêng Blitar, dumugi samangke bètèng wau kasuwungakên. Sasampunipun ningali kawontênanipun bètèng lajêng sami kapotrèt, botên antawis dangu lajêng jawah, kapêksa kèndêl sawatawis. Sarêng sampun têrang lajêng bidhal andumugèkakên lampah nuju dhatêng kitha Madiun, dumugi ing kitha Madiun kirang langkung jam 7 sontên, anjujug dhatêng pondhokan panggenanipun sadhèrèk Sudira Arjadisastra, priyayi guru Taman Siswa ing Madiun.

Dèrèng sapintêna dangunipun anggèning ngraosakên sayahipun, sasampunipun sami adus, lajêng bidhal malih mubêng-mubêng ningali kawontênanipun kitha Madiun. Ing wanci dalu, lajêng ura ambujêng sênêngipun piyambak-piyambak. Mênggah kawontênanipun kitha Madiun punika kagolong botên patos rame katimbang kalihan kitha Surakarta, langkung-langkung sarêng sampun ngancik jam 11 dalu katingal sampun ngrêp. Sarêng sampun dumugi anggènipun mlampah-mlampah sami pating prêncil mantuk piyambak-piyambak.

[Grafik]

Enjingipun kintên-kintên jam 8 enjing, sasampunipun rampung anggènipun angrakit bêbêktanipun, lajêng bidhal numpak bês nêrusakên lampah nuju dhatêng Sarangan, lampahipun anglangkungi dhusun Candhirêja (bawah Magêtan) dumugi ing ngriku kèndêl sakêdhap, ningali rêca kodhok ingkang cinungkup, kaprênah ing pinggir margi agêng, manggèn ing pêkên Lôndha, awit saking cariyosipun juru kunci ingkang nêngga wontên ngriku, rêca wau dipun pêpêtri tiyang ing ngriku, sabên bibar pêkênan dhawahing dintên Kêmis Paing, dalunipun (dados sabên malêm Jumuwah Pon) kathah têtiyang saking mônca dhusun ingadhusun sami dhatêng mriku, sami gadhah kapitadosan piyambak-piyambak, manawi nyênyuwun ing ngriku, badhe kadumugèn ingkang dados sêdyanipun, wontên ingkang nyênyuwun supados laris daganganipun tuwin sapanunggilanipun, nitik inggilipun tilas obong-obongan mênyan wontên ing sangajênging rêca wau, mèmpêr manawi kathah tiyang ingkang dhatêng ing ngriku, wondene cungkupipun sampun kamulyakakên dening panjênênganipun kangjêng bupati ing Magêtan ing wêkdal taksih dados asistèn wadana, emanipun dene juru kunci botên sagêd ambabadakên mulabukaning wontênipun rêca wau, lêrês lêpatipun [lêpati...]

--- 1568 ---

[...pun] kasumanggakakên para maos, jêr punika namung saking cariyosipun juru kunci. Sasampunipun kapotrèt, lajêng anglajêngakên lampah ingkang sinêdya.

Kintên-kintên jam 9 enjing lampahipun dumugi ing dhusun Ngêrong ngancik sukuning rêdi Lawu, ing têmbing lèr wetan. Ing ngriku hawanipun sampun kraos asrêp, minggahipun dhatêng Tlaga Pasir (Sarangan) sami numpak kapal kanthi nyewa, ing ngriku sampun dipun sadhiyani kapal sewan, utawi tandhu kapikul tiyang 4, kathah sangêt.

Dumugi ing nginggil kirang langkung jam 1/2 10, kawontênanipun ing Sarangan ngriku, pancèn pantês kangge papan sênêng-sênêng utawi kangge ngenggar-enggar manah, ing ngriku kathah sêsawangan, alam ingkang endah-endah, tur sakeca hawanipun, amila ing ngriku sampun kathah griya loji sae-sae, kangge hotèl, kathah para bôngsa mônca ingkang sami mrêlokakên mriku, langkung-langkung bôngsa Walandi, kathah ingkang sênêng-sênêng wontên ing ngriku, wontên ingkang manggèn nyewa wontên ing ngriku kangge sawatawis wulan, sok ugi kangge patirahan. Sasampunipun kula sadaya sami mubêng-mubêng, lajêng anglajêngakên lampah dhatêng toya grojogan (waterval) lampahipun urut jurang pèrèng, kathah kônca ingkang sami ajrih, amila kapal lajêng katuntun ingkang gathahgadhah. sewan. Sarêng dumugi ing dhusun Ngluwêng sami mandhap, ing wêkdal wau wanji jam 1/2 11 siyang, lajêng sami mlampah kemawon, amargi marginipun rumpil, lampahipun minggah mandhap, jam 11 langkung sampun dumugi grojogan, lajêng sami adus. Nanging namung sakêdhap anggènipun sami adus, jalaran saking asrêping toya. Enggalipun sasampunipun rampung sarta kapotrèt lajêng wangsul. Dumugi ing Sarangan dumadakan jawah, lajêng sami kèndêl ngaso wontên ing bango. Sarêng sampun têrang lajêng sami mandhap. Jam 1/2 3 lajêng bidhal numpak bês mantuk, dumugi Surakarta jam 1/2 7 wilujêng ingkang pinanggih, botên wontên satunggal punapa.

Ram.

Wara-wara

Wêdaling Kajawèn lêbaran, inggih Kajawèn bakdan, sampun cakêt, tumuntên badhe sowan para lêngganan.

Tumapaking wulan Januari (tanggal ênèm), umuring Kajawèn jangkêp 10 taun, badhe pinèngêtan kawêdalakên maligi babagan pèngêtan. Ing ngriku para maos badhe uninga gambaring satunggal-satunggalipun para pambantu Kajawèn, ingkang namanipun kêrêp katingal. Kajawi punika tamtu kemawon para maos inggih badhe uninga sajatosipun Petruk tuwin Pênthul punika sintên, kanthi awujud ngegla.

Kajawi punika wêdaling Kajawèn ing taun 1936 badhe kathah ewah-ewahanipun, nanging ewahipun wau pancèn kaangkah murih barêgas. Upami redhaksi ngalêm utawi ngaturakên cêculikan, tamtunipun rikuh piyambak. Prayogi dipun êntosi nyatanipun kemawon.

Pawartos tigang bab ing nginggil punika, nama satunggaling kabingahan tumraping para lêngganan. Nanging tumrap ingkang dèrèng lêngganan: kadospundi, punapa namung badhe kandhêg kapengin kemawon.

--- 1569 ---

Pawartos Sanès Praja

Pasulayanipun Itali kalihan Ngabêsi.

Pawartos pasulayanipun Itali kalihan Ngabêsi, dhatêngipun tansah lumintu tanpa kêndhat, kenging dipun wastinawastani. gêntos asor gêntos unggul. Manawi miturut pawartos ingkang kantun-kantun, tandangipun wadya Ngabêsi katingal saya purun, pangangsêgipun dhatêng mêngsah kêrêp manggih unggul. Ingkang makatên punika lajêng nuwuhakên panggagas, punapa unggulipun punika pancèn dhêdhasar saking kawantêran, punapa namung kapinujon kemawon. Sayêktos sabab kalih prakawis wau sami kawakan, inggih pancèn wantêr, ugi pancèn sawêg kapinujon. Nanging ing bab unggul punika inggih sampun nama satunggiling kanugrahan tumrap ingkang ngawaki, saya tumrapipun Ngabêsi, ingkang pancèn atêtandhingan botên babag, punika saya cêtha anggèning pinayungan ing kanugrahan.

[Grafik]

Kapal mabur kagunganipun Nata Ngabêsi wontên ing sêtatsiun kapal mabur ing Addis Abeba.

Nanging manawi dipun manah panjang, upamia lare, ing salêbêtipun paprangan punika Ngabêsi saya mindhak diwasa. Tôndha saksinipun, Ngabêsi ugi uluk-uluk bilih ing salêbêtipun wulan Dhesèmbêr punika badhe nêmpuh yêyêktosan dhatêng mêngsahipun, malah sampun katingal pangangsêgipun wadya Ngabêsi saya majêng dhatêng watês. Makatên ugi ing bab senapati, tansah mindhak sami rêrêbatan damêl, malah juru pamong putra nata ingkang dados paramparaning kawigatosan, nama Wadatshu tanpitampi. dhawuh supados nyenapatèni pabarisan agêng ing Dessie, ginarubyug ing wadya sinêlir.

Tandanging wadya Ngabêsi pancèn saya anggêgirisi, malah wontên pawartos Asmara, ingkang sampun [sampu...]

--- 1570 ---

[...n] kalêbêt dados jajahan Itali, kenging karêbat dening wadya Ngabêsi, campuhipun sakalangkung rame, wadya Ngabêsi dipun tindhihi dening Ras Desta.

Ingkang pinanggih ing sisih kidul Ras Nasibu tansah tampi jog dêdamêl. Wadya gêgana Itali andhawahi bom, nanging tanpa damêl, amargi bom wau kathah ingkang mêjên. Malah wontên motor mabur Itali ingkang kenging dipun sanjata, dhawah wontên sacêlaking Webbe Shebbeli.

Nanging paprangan punika ingkang langkung rame pinanggih ing sisih lèr, ing Abaro-pas, Ngabêsi nêmpuh mêngsah ngantos pintên-pintên dintên. Mênggah kajêngipun Ngabêsi ngangkah badhe nyêgah dhatênging dêdamêl mêngsah ingkang mêdal ing margi Makalle-Adoea, malah miturut pawartos wadya Itali sampun mundur dhatêng Adoea, kanthi manggih karisakan agêng.

Nanging tumrapipun Itali inggih botên kawon rêrigên, niyatipun botên ngromèsi mêngsah ing sisih kidul, ing sadèrèngipun sagêd nyingkirakên wadya Ngabêsi ing sisih lèr, ingkang manggèn ing parêdèn Tembien. Dados tindakipun Itali anggènipun ngiyatakên pabarisan lèr, nandhakakên bilih wadya Ngabêsi ing sisih lèr wau pancèn awrat sanggènipun. Ing ngajêng sampun kawartosakên bilih kèngsêring wadya Itali saking Makalle dhapur pasang kala, nanging pinanggihipun kajodheran, awit têtindhihing paprangan Ras Seyoem langkung waskitha, sampun dhadhuhdhawuh. dhatêng wadyanipun supados sami ngatos-atos. Mênggah nyatanipun miturut pawartos sanès, unduring wadya Itali mangalèr, prêlu nyingkiri hawa bêntèr tuwin jalaran saking kêkirangan toya, kajawi punika ugi prêlu nyingkiri tuma unta ingkang sagêd andadosakên tatu tuwin sakit tumraping tiyang tuwin kewan. Manawi mirid kawontênan ingkang kados makatên punika, dados tumraping Itali namung sarwa manggih sabab.

Makatên malih Itali ugi kasandhung sabab sawatawis, ingkang jalaran saking kiranging sêtya wadya Itali tiyang siti, kathah ingkang lajêng sami anglès tilar pabarisan, dene sababipun wontên raos, jalaran bôngsa wau ngrumaosi dipun bên kalihan bôngsa piyambak.

Manawi angèngêti sabab-sabab ingkang tumanduk dhatêng golongan Itali, lajêng katingal bilih lêlampahan ingkang pinanggih ing tanah Ngabêsi punika namung sarwa isi pakèwêd, malah dalah sagawon kemawon inggih andadosakên sabab, amargi ing laladan ngriku kathah sangêt sagawon ingkang adamêl rêribêd, anggènipun branahan enggal sangêt.

Miturut pawartos, wadya Itali nêmpuh Dessie, ingkang ing ngriku dununging adêgipun pabarisan ingkang dipun jênêngi dening Nata Ngabêsi piyambak. Ing ngriku tandangipun wadya gêgana Itali botên mawi pilih-pilih, ing Dessie punapadene Jijiga sami dipun dhawahi bom. Ing bab punika lajêng nuwuhakên botên narimahipun Nata Ngabêsi, lajêng nindakakên panyêrêg, ing bab anggènipun wadya Itali andhawahi bom botên mawi pilih prênah, inggih punika andhawahi ing papan ingkang ringkih, dhusun tuwin griya sakit, ngantos 1000 rambahan. Panyêrêg wau dipun kiyatakên dening dhoktêr-dhoktêr ngamônca.

--- 1571 ---

Ing kala punika Nata Ngabêsi nyarirani piyambak nanggulangi panêmpuhing motor mabur kalihan mriyêm, kalampahan ngantos wontên ingkang dhawah. Ing ngriku nyata sang nata manggèn wontên salêbêting bêbaya, kala punika wontên bom anjêblos ingkang cakêt kalihan sang nata, ngantos adamêl katatonipun wadya pintên-pintên. Ing salajêngipun sang nata badhe nindhihi barisan agêng pêrang rêrêmpon.

Ing salajêngipun panêmpuhing wadya Ngabêsi wiwit yêktosan, panêmpuhipun mangalèr dhatêng Makalle, ing ngriku sawêg campuh kalihan wadya Itali yêktos, nanging campuhipun dèrèng sapintêna. Tamtunipun dangu-dangu inggih dados saya agêng.

Ing sapunika tumraping panggagas, ing bab panyêrêgipun Nata Ngabêsi dhatêng tindakipun Itali anggèning andhawahi bom, tamtu badhe wontên pangadilan saking panimbanging nagari sanès, awit Itali nama botên gadhah têpa tuwin narajang pêpacaking tatanan ingkang sampun dipun têtêpakên dening praja pintên-pintên. Nanging tumrapipun Itali, pandakwa ingkang kados makatên punika dipun anggêp botên maton, awit saupami nyata Dessie dados papan ingkang botên kenging dipun ongkrah-ongkrah, tamtu botên ngawontênakên panglawan dhatêng motor mabur, wah malih Itali sumêrêp, bilih Nata Ngabêsi wontên ing ngriku kanthi wadya 10.000. Malah ing salajêngipun, Itali saya riwut anggèning nêmpuhakên motor mabur dhatêng papan-papan ingkang dados padununganing mêngsah.

Saya ajênging paprangan punika, ing bab pangrekadaya ngudi rukunipun saya pinanggih rêkaos. Nanging tumrap Inggris tuwin Prancis inggih tansah nindakakên rêrigên murih kalampahanipun. Miturut pawartos, Inggris tuwin Prancis wau ngusulakên rêmbag supados kalampahan ingkang sami pasulayan wau lajêng rukun, kanthi ngawontênakên pathokan ing bab pambagening pasitèn 1 tumrap laladan Tigre, kitha Adoea tuwin Adigrat, tuwin sagêd ugi Makalle kapasrahakên dhatêng Itali, dene Axum têtêp dados gadhahanipun Ngabêsi. 2. Ogaden dados gadhahanipun Itali. 3. Ngabêsi kêdah nglulusakên tumindaking ekonomi Itali wontên sacêlaking Bari. Ing panggenan ngriku badhe dipun dêgi pangagêng piyambak, nanging kaayoman Ngabêsi. 4. Ngabêsi badhe dipun sukani margi langkung Erythrea dhatêng palabuhan Assab, kanthi palilah kenging damêl margi sêpur. Nanging bab punika dèrèng andadosakên pamarêm ingatasipun ingkang sami pasulayan.

Wangsulan Redhaksi

Lêngganan nomêr 2213 ing Kêndhal. Punika namung tumrap ingkang sami dipun kintuni sêrat saking Bale Pustaka.

Lêngganan nomêr 857 ing Mungup. Karangan pahargyan tuwin lêbaran sampun dumugi. Karangan ingkang tumrap lêbaran sampun botên kaduman papan. Nanging ugi kaangkah sagêdipun kapacak. Gambar cêkap. Karangan bab rukun tani, kados sampun botên prêlu kapacak, amargi sampun kathah ingkang uninga wontên ing sêrat kabar sanès.

Lêngganan nomêr 5539. 1 mil, wontên 7407.4 m.

--- 1572 ---

Pahargyan Pegoeroean-Islam-Salaviah ing Surakarta

Ing Kajawèn ngriki sampun nate martosakên adêging Salaviah Boarding School, inggih punika intêrnatipun pêrguruan kasêbut nginggil.

Nalika tanggal 15-16 wulan Ruwah nêmbe punika, pêrguruan kasêbut ngawontênakên pahargyan agêng-agêngan minôngka mitongtonakên kasagêdanipun para murid jalêr èstri, lan mèngêti adêgipun P.I.S. sampun sataun.

[Grafik]

Para panuntuning P.I.S.

Pahargyan wau ngantos kalih dintên, dintên tanggal 15 Ruwah kangge mitongtonakên kasagêdanipun murid-murid salêbêtipun sataun. Murid jalêr manggèn ing gêdhong madrosah Salapiyah kampung Kaprabon. Murid èstri manggèn wontên ing musola madrosah kasêbut. Ing dintên wau kajawi ngatingalakên kasagêdanipun miturut punapa klasipun, ugi sami sêsorah kanthi têmbungipun piyambak-piyambak, kados ta têmbung Bali, Madura, Mêlayu, Sundha, Jawi, miturut basanipun piyambak-piyambak. Lan ugi wontên ingkang sêsorah kanthi basa Walandi tuwin Arab.

Para tamu kakung putri kathah, kirang langkung wontên gangsal atusan, kathah ingkang sami kapranan ing panggalih, lan wontên ingkang anglairakên pangalêmbana.

[Grafik]

Murid-murid èstri P.I.S.

Dintên kaping kalihipun, inggih punika tanggal 16 Ruwah, minôngka kangge karameanipun para murid-murid wau. Pambikaking karamean wau mawi ngumbulakên balon agêng. Ing karamean ngriku para murid sami ngatingalakên kasagêdanipun ulah raga warni-warni, kados ta gêlutan, sothon, pêncak, nyulap, lan lêlucon. Para tiyang sêpuhipun lare-lare wau sami gumbira ing manah.

Pahargyan ing salêbêtipun kalih dintên wau katingalipun mêwahi ajêngipun Pegoeroean-Islam-Salaviah kasêbut ing nginggil. Botên amung pinuji widadaa ing salami-laminipun. Amin.

K. 3766 Sala.

--- 1573 ---

Raos Jawi

Kautaman.

Kridhaning buwana anartani sagunging ngagêsang, gêsangipun sadaya ngagêsang, sampun tamtu sarana têdha. Gêsanging têtuwuhan saking sarawungan kalihan hawa. Gêsanging kewan têdhanipun punapa ingkang dipun toyani.doyani. Wondene gêsanging manungsa, têdhanipun warni-warni gumantung pakarêmanipun piyambak-piyambak.

Awit saking makatên punika, sadaya ngagêsang tamtu kadunungan budi pakarti. Budi pakartining têtuwuhan saking kodrating buwana. Budi pakartining kewan gumantung sacaranipun piyambak-piyambak. Wondene budi pakartining manungsa, undha-usuk, manut jêmbar ciyuting pasaban sarta landhêp kêthuling pambudi tuwin tuna lêpasing pangawikan. Punika wau tumrap dhumatêng sadaya ngagêsang, dados magimargi. dhatêng pamrih eca lan sakeca.

Tumraping manungsa, eca lan sakeca wau sarananipun kalihan tindak warni-warni, manut ukuraning pangawikanipun piyambak-piyambak ingatasing kautamèn. Saking pamanggih kula kautamèning manungsa punika wontên tigang golongan ingkang tamtu dumunung, têgêsipun manungsa tamtu kadunungan kautamèn tigang prakawis ingkang badhe pêcah-pêcah dhatêng kêkajêngan warni-warni, inggih punika: 1. asoring kautaman, 2. madyaning kautaman, 3. musthikaning kautaman. Têrangipun makatên:

1. Ingkang kawastanan asoring kautaman punika pokokimunpokokipun. saking: nistha, culika, wêntala. Tigang prakawis punika ingkang dados sêsirikaning manungsa ingkang sampun jêmbar jajahanipun sarta ingkang sampun mumpuni ing pangawikan. Pramila kasirik, awit pokok tigang prakawis wau tamtu kalengketan watak anggêre, watak kêlimpe, watak sapele. Katingalipun awon wêwatêkan tigang bab wau dening anggènipun anglampahi anjêjaluk, anglampahi juti, anglampahi rai gêdhèg. Pêcahipun golongan asoring kautaman kaperang dados sangang perangan:

1. Tindak nistha, ingkang kawastanan nistha punika tindaking tiyang ingkang kapêksa kêdah dipun lampahi, amrih sagêdipun angsal sandhang boga. Kados ta: ambêbarang turut margi (amèn), bôngsa palanyahan, ingkang anggèning ngupaboga anggêre angsal sapanunggilanipun.

2. Tindak culika, ingkang kawastanan culika punika tiyang ingkang anandukakên pangapus krama, mangomandaka, ucap jalomprongan, saha sasaminipun.

3. Tindak wêntalan. Ingkang kawastanan wêntalan punika tiyang ingkang anandukakaên darubêksi, gêndhak sikara, anamakakên gêgaman, amêmêjahi, tuwin sasaminipun.

4. Watak anggêre. Watak anggêre punika dumunung dhatêng tiyang ingkang kalimput, kalimput ing raos, ambêkta anggêre urip, anggêre bisa mangan, anggêre sênêng, saha sasaminipun.

--- 1574 ---

5. Watak lêlimpe. Watak lêlimpe punika dumunung ing tiyang ingkang sênêng ulah salinthut, mangro tingal, miyak wêwadosing sanès, tumbak cucukan, saha sasaminipun.

6. Sapele. Watak sapele punika dumunung ing tiyang ingkang kumintêr, rêmên mêmoyok, dahwèn, saha sasaminipun.

7. Watak andrêmis. Watak andrêmis punika dumunung ing tiyang ingkang rêmên anjêjaluk, angêmis, melikan barang sapele, saha sasaminipun.

8. Juti. Tindak juti punika dumunung ing tiyang ingkang calimut, ngêngutil, nyêbrot, nayab, maling, ngampak, ngècu, saha sasaminipun.

9. Rai gêdhèg. Ingkang binasakakên rai gêdhèg punika dumunung ing tiyang ingkang datan darbe lingsêm, cidra ing ubaya, utang ngêmplang, saha sasaminipun.

Kautaman ing nginggil wau, utami tumrap ingkang anglampahi, pramila lajêng kawastanan tiyang ingkang asor budinipun. Lajêng kasêbut, utamaning wong urip-uripan.

2. Ingkang kawastanan madyaning kautaman punika pokokipun saking: pangkat, sêmat, boga. Pokok tigang prakawis punika dados bêbujunganipun tiyang sajagad. Pambujungipun sarana ulah kapintêran, ulah kaetungan, ulah kamênangan. Sagêdipun kalêksanan, kanthi anggêgulang basa, anggêgulang kawicaksanan, anggêgulang kasêktèn. Pêcahipun golongan madyaning kautaman kaperang dados sangang perangan:

1. Pangkat. Ingkang kawastanan pangkat makatên undha-usuking pakaryan, pakaryan wau dados sarana panggêsangan. Dados manungsa samôngsa sampun anggadhahi pangkat punapa kemawon, sampun dumunung ing papan bênêr bêcik.

2. Sêmat. Sêmat punika arta, manungsa manawi sampun agadhahianggadhahi. pangkat, sanadyan kathah sakêdhik sampun tamtu angsal arta miturut ukuraning pangkat utawi pakaryanipun.

3. Sandhang boga. Gêsanging manungsa tamtu kanthi sandhang tuwin boga, sagêdipun nyandhang tuwin nêdha sarananipun inggih mawi arta.

4. Ulah kapintêran. Manungsa wiwit alit kêdah ulah kapintêran, dumugining diwasa sagêdipun angsal pangkat utawi panggaotan, dening anggènipun anggadhahi kapintêran.

5. Ulah petung. Manungsa samôngsa mêmêt ing petang, tamtu gampil sagêdipun tumanduk dhatêng pamrih tuwin pakolih, lajêng sagêd kaklêmpak bôndha, satêmah kenging kasêbut hartawan.

6. Ulah kamênangan. Pangulahing kamênangan sarana anandukakên wicara sarta gêlaring pambudi miwah panglubèring branarta, satêmah kajèn kèringan ing sasamining manungsa.

7. Anggêgulang basa. Manungsa manawi sampun mumpuni ing basa, kawastanan jêpbarjêmbar. jajahanipun, satêmah bangkit amratani têtêpangan. Badhe kasambêtan.

Pun, Kèkwir, ing Sêmarang K. 640.

--- 1575 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Amatêsi Lêbêtipun Ban Motor sarta Gêndhis Batu.

III

Petruk: Tak pikir-pikir omongmu kuwi kok iya anèh, Kang Garèng, apa karêpmu kuwi kabèh-kabèh kudu bêcik, kudu apik, kudu kêpenak, nanging kene ora susah cucul dhuwit. Kayadene: gumintê ambêcikake dalan, lo, kuwi sapa sing kêpenak, sapa sing sênêng, rak iya wo-wowong-wong. sing padha manggon ana ing gumintê kono, dadi iya basane kowe aku barang. Lan kowe rak iya wêruh dhewe, andandani lan ambêcikake dalan kuwi ragade rak sasayahira. Ing sarèhne apiking dalan kuwi angêpenakake aku kowe kabèh, apa iya ora mêsthine, yèn aku kabèh kiyi banjur padha mèlu nguruni sing kanggo waragad mau, yaiku sing banjur disulap dadi: pajêg dalan kaya sing kok kandhakake ing ngarêp.

Garèng: Aku iya cocog-cocog bae anggêre tumindake gênah ajêgan mangkono. Aja kok dalan-dalan sing mêtu ngarêpe omahe Si Suta, Naya, wis padha wudunên lan korèngên, kathik kêna kanggo jilumpêt, padhanga iya mung ramyang-ramyang, pathokane anggêre mangan sing arêp dipangan aja nganti kêsasar dilêbokake ana ing irung.

Petruk: Wiyah, arêpa pêtêng andhêdhêt pisan, iya ora bakal kalakon, wong mangan sing dipangan mau kêsasar dilêbokake nyang irung.

Garèng: Lo, kuwi mung kanggo ibarate Truk, nanging andak kowe arêp ngarani yèn dalan-dalan sing ana ing pakampungan, sanajan kalêbu ing gumintê pisan, mêsthi: klimis lan mêncorong. Nanging sawangên dalan-dalan sing mêtu ing ngarêpe omahe bêndara tuwan Lônda, wadhuh, le mêling-mêling, kincling-kincling, lan yèn ing wanci bêngi, ing dalan-dalan mau saka padhange, ibarate-ibarate manèh, lo, Truk- nganti wong bisa ametani ... têngu.

Petruk: Wiyah, têka le ora mèmpêr mêngkono, Kang Garèng, Kang Garèng. Bab prakara dalan-dalan ing sajêroning gumintê, sing liwat ngarêpe omah-omah Walônda mêsthi apik-apik, lan ing pakampungan pating growal, lo, kuwi pancèn iya bênêr, dhing, nanging kowe aja lali, Kang Garèng, bôngsa Walônda kuwi pambayarane pajêg dalan tikêl matikêl luwih akèh katimbang bangsane dhewe.

Garèng: Mula iya nyata, nanging iya nèk mung didêlêng sakêclapan. Bangsane dhewe sêsasine mung bayar sarupiyah, nanging nèk Walônda sêpuluh rupiyah. Iki mula iya akèh Walandane, nanging ing kono ora dipikir babarpisan, yèn bangsane dhewe bayar sarupiyah kuwi saka pamêtu sèkêt rupiyah upamane, Walônda bayar sêpuluh rupiyah saka pamêtu nêm atus. Kajaba iku bênêr bayare mung sathithik, nanging sing bayar mau cacahe pirang-pirang puluh èwu. Banjur bênêr anggone [anggo...]

--- 1576 ---

[...ne] bayar akèh, nanging cacahe mung sawatara lusin bae. Cêkake iya ora sabab ika-iku, nanging sababe mung kana karo kene thok bae. Buktine pranatan anyar sing arêp ditindakake sasi ngarêp iki bae, sing wis saumit, dianggêp mêksa isih kakehan, kudu dilongi manèh, sing wis sathekruk, dianggêp kurang, ora patut yèn nganti dilongi manèh ...

Petruk: Wiyah, wiyah, wis, ana kok talencengan rêmbuge mangkono. Saiki caritakna bae mungguh karêpmu, mlêbune ban motor diwatêsi, kang anjalari rêgane ban motor dadi larang, lo iki têka banjur kok kandhakake: bisa anjalari sudane pangangluhing uwong.

[Grafik]

Garèng: Iki mêngkene, Truk. Aku ora arêp nyaritakake cacahe uwong sing padha diambung, disepak utawa dirungkêbi ing motor, sanajan iki agawe pangangluhe uwong Bênggala, nanging iki kêna dipupus, sing kacilakan dening motor kuwi pancèn wong julung. Sing arêp tak kandhakake mung tumrap pangangluhing uwong umume. Wong urip ing jaman saiki kuwi, yèn lumaku ana ing dalan sing rada rame sathithik, pangangluhe, malah pisuhe pisan, têrus andharindhil. Lumrahe sing dadi dhasare pangangluh lan pêpisuh kuwi: motor, sabab, yèn dhokar, dhilman, kreta, wong iya mung ditarik jaran, lakune kêrêp ngulêr kambange, balik motor, wong iya dilakokake mêsin, lakune bisa rikat bangêt, lan kanggo lumrahe motor kuwi anggone nglakokake pancèn iya angin, wêruh-wêruh wis: ngog, ana ing buri cêdhak, sabab lakune iya mung: cês, cês. Di: ngog, mau kae, tumrape wong lumrah, mêsthi iya kagèt, sarta sanalika banjur ngangluh utawa mêmisuh: sambêr gêlap, kurang ajar, malah ana bae sing ngundhat-undhat: kêng ibu barang. Kajaba iku nèk kêpêthukan utawa kêsusul lakune ing motor, nèk wanci têrang, wêtêng, mripat, mêsthi warêg, nanging iya warêg ... blêdug. Nèk môngsa udan, bisa kalakon brêgas kaya ... kirik kêcêmplung kalèn, sabab dalane têlês, saka rikate lakuning motor, banyu ana ing dalan bisa nyiprat angguyang wong sing lagi mlaku. Hara, apa iya ora nuwuhake pêpisuh lan pangangluh bae. Nanging nèk lumêbune ban motor mrene kuwi diwatêsi, kang anjalari rêganing ban motor larang, mêsthine bisa banjur nyuda cacahe wong sing ngingu motor. Cêkak aos, cacahing motor banjur kurang bangêt. Hara, saya kurang cacahe motor, apa iya ora saya dibêsinêh ... pangangluh utawa pisuhing wong.

--- 1577 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKI

Papan nyambut damêl kalih panggenan. Awit saking ada-adanipun nagari damêl papan nyambut damêl ing Ngawi tuwin Malang, sapunika sampun têtêp manggèn wontên ing tilas giya opvoedingsgesticht. Panggenan wau kangge nampèni têtiyang angguran ingkang botên sagêd angsal padamêlan, lajêng priman. Nanging sagêd nyambut damêl. Ingriku lajêng dipun pêksa supados purun nyambut damêl. Miturut tatanan ingkang sawêg dipun usulakên, laminipun nyambut damêl ingriku sataun, sagêd ugi langkung saking samantên. Griya wau tumrap Ngawi kangge tiyang siti, dene Malang tumrap bôngsa Eropa.

Lintah dharat kenging apus. Ing Kudus wontên bôngsa Tionghoa nglampahakên arta kanthi ngawontênakên pitados ugi bôngsa Tionghoa. Kalampahan kathah tiyang nyambut kanthi accept. Sarêng sampun tumindak sawatawis dangu, kasumêrêpan bilih accept-accept wau wontên 200 ingkang palsu, isi arta f 16.000,-. Tiyang ingkang dipun pitados wau lajêng dipun cêpêng, nanging cariyos bilih piyambakipun sabên wulan ugi ambayar 10%, malah ngantos tombok artanipun piyambak.

Kaparêngakên audientie. Hoofdbestuur para pakêmpalaning punggawa nagari kaparêngakên audientie Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jêndral benjing tanggal 18 wulan punika. Pêrlu badhe ngaturakên kawratan ing bab badhe tumindakipun regionale bezoldigingsregeling.

Ngwisi ngècèrakên loteij alit-alit. Ing Surabaya kathah tiyang ngècèrakên loterij alit-alit, rêgi f 0.35, f 0.65 tuwin f 1.25, panyadenipun laris sangêt. Ingajêng loterij ingkang rêgi f 2.50 (prapatan) lajêng dipun bage dados 10, satunggal rêgi f 0.35, dados angsal indhakan f 1,-. Nanging dangu-dangu wontên ingkang kabage ngantos 30, rêgi sami f 0.35. Malah wontên ingkang panyadenipun namung awur-awuran, salugu ngapusi. Ing sapunika atas saking dhawuhipun Procureur Generaal, tiyang sade loterij ingkang sawarni aandeel utawi pêcahan wau dipun awisi. Awêwaton Staatsblad taun 1923 no. 351.

Nanggulangi sêsakit lepra ing Bali tuwin Lombok. Sampun kala wulan Mèi 1934 Dr. Sitanala dhoktêr ahli sêsakit lepra dhatêng ing Bali tuwin Lombok, nanggulangi sêsakit lepra ingriku. Ing Bali pinanggih wontên panggenan tiyang sakit lepra 6, ing Lombok namung 1. Ing Bali isi tiyang 485, ing Lombok 200. Tumindaking panyêgah utawi ngupakara, dipun tindakakên dening dhoktêr tuwin juru ngupakara. Kawartosakên, benjing Januari taun ngajêng wiwit dipun suntik. Dhoktêr ingkang kapiji ngupakara têtiyang sakit punika, ing Bali 5, Lombok 3. Mirit papriksaning dhoktêr ahli, sêsakit lepra ingriku punika botên nguwatosakên sangêt, kintên-kintên salêbêtipun 35 dumugi 40 taun sampun sagêd sirna.

Pakêmpalan enggal nama "Jowosatmoko". R. Yusuf-sukawati ingkang dèrèng dangu wontên ing Nganjuk ngêdêkakên pakêmpalan adhapur ebah-ebahan, nama "Jowosatmoko", kathah ingkang malêbêt dados warga. Sumêbaring wartos, R. Yusuf sagêd anjampèni sawarnining sêsakit. Sabên dintên tiyang ingkang dhatêng atusan. Ing sapunika R. Yusuf sawêg damêl giya wontên sapinggir lèpèn Tunglur, nanging lajêng dipun bibrah dening ingkang wajib, amargi nêrak awisan wana, malah lurah dhusun ingkang nyukani palilah kèmbèt dipun kèndêli saking padamêlan. Ingriku lajêng katingal sudaning dayanipun sawatawis.

Pêjah jalaran anggogrogakên kandhutan. Ing Sawah Lunto wontên tiyang èstri wawrat, sarèhing ngrumaosi gêsangipun rêkaos, dening sampun gadhah anak 7, kandhutanipun badhe dipun gogrogakên kemawon. Kalampahan tiyang wau nêdha pitulungan dhukun, dipun jampèni. Nanging sasampunipun ngombe jampi lajêng nandhang sakit rêkaos, salajêngipun dumugi tiwas. Ingriku lajêng wontên papriksaning dhoktêr, saha lajêng dados prakawis.

Loterij ingkang botên katêndha. Miturut pawartos, Hoofd afdeeling Tcht-en Opvoedingswezen ingkang dipun tindakakên dening tuwan De Haas, apratela bilih wontên arta loterij f 10.000,-, kala ing taun 1928 ingkang dèrèng kapêndêt. Kajawi punika wontên katrangan saking Escompto ing bab arta loterij ingkang kados makatên punika, wiwit taun 1933 dumugi 1935. Tumrap ingkang alit pinanggih saking loterij Veeeniging Ziekenverpleging in Ned. Indie ing taun 1933 kathahipun f 1.750.-. Dene ingkang agêng, loterij Centraal Comite voor Steun aan werkloozen taun 1933, kathahipun f 8.570.-. Dene gungungipun sadaya kalêbêt ingkang namung alit-alit, sadaya wontên f 110.454.-.

Barang-barang kina. Dèrèng dangu ing Prambanan pinanggih wontên barang kina, nanging sapriki dèrèng kasumêrêpan bangsaning barang punapa, ing sacêlakipun Mlati ugi pinanggih wontên barang kina, kados barang ingkang pinanggih ing Prambanan. Ing sadèrèngipun manggih barang punika nalika andhudhuk pasitèn ing dhusun Mulungan ugi manggih barang kina, salajêngipun sagêd manggihakên rêca-rêca. Kintên-kintên ing sanès-sanès panggenan ugi wontên barang-barangipun ingkang kados makatên.

Ingsêran. Kawrat kêkancingan saking Gupernur Jawi-Têngah, Mas Mardono, wêdana Sumpyuh, kabupatèn Banyumas, pindhah dados wêdana ing Adiwêrna, kabupatèn Têgal. Radèn Yudadibroto, wêdana Cilacap, pindhah dados Wêdana Sumpyuh, Kabupatèn Banyumas. Radèn Siswadi Joyosurono, Wêdana Gombong pindhah dados wêdana ing Cilacap.

Conferentie H.B.P.G.B. Ing taun punika H.B.P.G.B. botên ngawontênakên congres, namung ngawontênakên conferentie ing saindêngipun tanah Jawi tuwin Madura. Ingkang badhe kawontênakên ing Surakarta, Têgal, Purwokêrto, Bandung, Tulungagung tuwin Pamêkasan.

Kabudidayan Wanujaya nanêm rami. Ing sapunika kabudidayan sata Wanujaya, Piyungan, Ngayogya, botên nanêm sata malih, adamêl cobèn-cobèn nanêm rami, cacah wolung bau. Kajawi punika ugi wontên ingkang dipun tanêmi pantun, sarana malihakên.

Pisungsung dhatêng Sinuhun Ngayogya. Tuwan Kaju Nakamura, warga parlement Jêpan, ingkang dèrèng dangu dhatêng tanah Jawi saha maratamu dhatêng Karaton Ngayogya. Ing sapunika tuwan wau misungsung katur Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan awarni gambar kina, katuripun lumantar gupêrnur.

Paboyongan ing Lampung. Miturut pawartos saking Directeur Departement Pangrèh praja, badhe ngawontênakên papan paboyongan ing Lampung kangge tiyang 3000. Ing bab punika supados ngawontênakên sêsorah wontên Surakarta tuwin Ngayogya.

--- 1578 ---

Paring tarima kasih. Atas dhawuh saking Bogor, aparing tarima kasih dhatêng R. Mubanu Kartodirjo, Patih Madiun, R. Sudiman al. Hadiatmaja, Patih Magêtan; P. Kersten, detachement commandant ing Lawang; M. Roos, inspecteur van de algemeene politie ing Kêdiri; M. Sutopo Partohadiprojo, fd. Mantri veld-politie Magêtan tuwin Mas Joyowiyoto, mantri pulisi Madiun, sami katrimah anggènipun nyirêp rêrêsah durjana kècu ing Madiun kala wulan Augustus tuwin Sèptèmbêr 1934. Makatên ugi tumrap R. Darmadi, Wêdana Gorang-Garèng; M. Sumarsono, Jaksa Landraad Magêtan, R. Sumakta Jaksa Landraad Madiun tuwin M. Partosugondo, mantri pulisi Magêtan, sami katrimah anggèning mriksa babagan kècu ing Magêtan taun 1934.

Pulas kangge kèju tuwin martega. Ingkang sampun tumindak, pabrik martega tuwin kèju panumbasipun pulas saking sajawining tanah ngriki. Môngka sajatosipun pulas wau ing tanah Jawi piyambak wontên, inggih wontên ingkang dipun wastani kêsumba. Ingajêng kêsumba wau namung kangge pulas barang-barang sêmbêt, nanging lajêng kêsuk dening cèt saking Eropa. Nanging ing sapunika ing Bogor ngrekadaya badhe ngintunakên barang-barang wau. Padamêl kados makatên punika ingkang kathah wêdalan Tasikmalaya.

Loterij enggal. Loterij enggal ingkang badhe dipun mainakên wontên ing tangal 24 wulan punika, badhe tumanja kangge griya lola "Ati Suci" ing Batavia-C. Kajawi punika wontên sanèsipun ingkang angsal panduman, inggih punika: Vereeniging voor Ziekenverpleging ing Nederland-Indie (Cikini) Batavia-C.; Stichting Don Bosco, Surabaya; Centraal comite voor Steun aan Werkloozen Batavia-C.; Vereeniging Algemeene Werkloosheidskas Surabaya; Anti Opium Vereeniging Meester Cornelis; Stichting Leo-Comite, Batavia; Vereeniging Kleuterzorg in Midden Java, Sêmarang; De Ned.-Indische Groot Loge de Internationale Orde van Goede Tempelieren; Armen-kolonie Pangungsan, Tayu tuwin Stichting Pêrumahan Anak-anak Piatu Rukun Isteri Bat-C.

Papan ingkang mutawatosi. Ing kabudidayan tèh Patuha Waiti, ing rêdi Patuha, Bandung, pinanggih wontên sumbêripun ingkang mawa racun gas. Nanging papan panggenanipun wau namung sawatawis mêtêr pasagi, têbihipun saking dhusun Cacing wontên 750 m. Miturut papriksanipun ahli rêdi latu, inggahipun gas wau namung 30 cm. Ingkang punika, awit saking rêrigênipun administrateur ing kabudidayan ngriku, panggenan wau supados dipun pagêri kemawon amargi dunungipun cêlak kalihan margi alit ing kêbon.

Pakêmpalan Isalam ingkang Majêng. Miturut wartos, pakêmpalan Nahdatul-Ulama ing Kudus pinanggih majêng sangêt. Dumuginipun sapunika warganipun sampun wontên 2164.

Pulisi agèn Walandi. Kawartosakên, ing bab wontênipun pulisi agèn bôngsa Walandi kalajêngakên wontênipun. Sabên tigang wulan sapisan ingkang wajib nampèni Walandi ingkang purun malêbêt dados upas pulisi limrah. Dene cacahipun sagêd langkung kathah, gumantung saking pangagêng pulisi. Manawi pancèn pêrlu ngangge dayaning pulisi Walandi, inggih dipun kathahi. Panampi kawitan ing taun 1936 badhe nampèni tiyang 70.

Nyukani sêkul dhatêng têtiyang kêluwèn. Wontên pawartos, ing pasowanan Kabupatèn Kudus sabên dintên kangge papan ambage sêkul dhatêng têtiyang priman ingkang karisakan badanipun. Ing sabên dintênipun wontên 75 piring, lawuhipun tigan satugêl. Ingkang nindakakên ambage mandhor pêkên tiga. Kajawi punika têtiyang wau manawi dalu angsal papan pasipêngan lêlahanan. Ing undhak-undhakan pandhapi kabupatèn sabên dintên ugi kangge ambage sêkul tumrap murid-murid sêkolah ingkang mlarat, cacah 53. Tumrap murid ingkang botên purun nêdha wontên ngriku, sêkulipun kenging kabêkta mantuk.

Rêsidèn ingkang badhe pênsiun. Wontên pawartos, Tuwan C.O. Matray, Rêsidèn Pêkalongan tuwin Tuwan P.W. Paltho, Rêsidèn Japara-Rêmbang, wiwit benjing Maart 1936 badhe pènsiun.

Pangajaran nênun. Texiel-filiaal ing Ngayogya wiwit mulang tilas murid pamulangan patukangan babagan tosan. Ing sapunika sampun kathah tênunan mawi mêsin. Tumrap ingkang sinau, laminipun kawan wulan. Pangajaran ingkang kapisan muridipun sampun wontên 35, ingkang 20 sampun angsal padamêlan, abalanja 10 dumugi 12 rupiyah. Pangajaran ingkang kaping kalih muridipun 30, sinaunipun badhe gangsal wulan.

AMERIKA.

[Grafik]

Anjlog saking ngawang-awang. Inginggil punika satungiling wanita nama nonah Gibson, ing New York, Amerika, sampun mirantos mangangge pirantosing mlumpat anjlog saking awang-awang ingkang badhe inggilipun 10.000 m.

EROPA

Politiek ing Griekenland. Awit saking rêrigênipun parentah murih têntrêm, tumrap dêdosan 10 ingkang angsal pangapuntên, botên kaparêng manggèn ing Athene tuwin Soloniki. Ing sêmu parèntah badhe ambibarakên parlement, kintên badhe lajêng madêg malih kanthi kalêbêtan warga golongan kuminis 20 utawi 25. Sêrênging politiek katingal dèrèng sirêp. Malah ing Macedonia wontên tiyang damêl arak-arakan ngantos campuh kalihan pulisi.

--- 1579 ---

Wêwaosan

Wangsulipun Tarsan.

Piridan saking buku karanganipun Tuwan Edgar Rice Burroughs.

60

XXVI.

Enjingipun Tarsan tuwin Nonah Jinê Portêr, punapadene têtiyang cêmêng bôngsa Wasiri ingkang sami anggarubyug Tarsan, nêdya bidhal nuju dhatêng ing gubugipun Tarsan, ingkang dunungipun botên têbih saking papan ngriku. Tiyang Wasiri sakawan anggotong layonipun Kleton, awit Tarsan gadhah niyat supados Kleton punika sagêda dipun pêtak wontên ing sacêlaking pasareanipun Lod Grèstuk, inggih punika wontên ing sapinggiring wana, botên têbih saking gubug yasanipun Lod Grèstuk wau, inggih ingkang rama Tarsan.

Nonah Jinê sakalangkung bingah manahipun, dene Tarsan anggadhahi sêdya ingkang makatên punika, sarta ing batos sangêt gumun, ingatasipun Tarsan punika kala alitipun dipun upakara dening sato galak, tuwin gêsangipun ngantos umur kalih dasa taun inggih tansah kêmpal kalihan kewan, têka samantên alusing bêbudènipun, punapadene luhuring kasatriyanipun. Ing môngka watak ingkang makatên punika, mênggah pangintênipun Nona Jinê, namung pinanggih wontên ing golonganing tiyang ingkang sampun inggiminggil. martabatipun.

Saking papan tilas palêrêmanipun Nonah Jinê ing kala rumiyin, dumuginipun ing gubug ingkang dipun sêdyakakên, punika têbihipun kirang langkung wontên gangsal pal. Sarêng lampahipun têtiyang wau kintên-kintên sampun wontên tigang pal, têtiyang bôngsa Wasiri ingkang lumampah wontên ing ngajêng, ujug-ujug lajêng sami kèndêl, sarta kanthi gumuning manah lajêng sami tuding-tuding dhatêng wêwujudan sawarni manusa, ingkang ing kala samantên lumampah turut gisik anuju dhatêng purugipun têtiyang wau. Mênggah manusa ingkang sawêg dhatêng punika satunggiling tiyang jalêr ingkang ngangge topi inggil. Lampahipun alon-alonan, sirahipun tumungkul, lan tanganipun kalih pisan kalêbêtakên ing kanthonganing jasipun.

Sarêng Nonah Jinê sumêrêp tiyang jalêr ingkang dhatêng wau, saking bingah lan gumunipun lajêng anjêlih saha lajêng amapagakên. Nalika mirêng suwara panjêlihipun Nonah Jinê, tiyang jalêr sêpuh wau lajêng tumênga, sarta sarêng nyumêrêpi bilih ingkang mapagakên piyambakipun punika Nonah Jinê, saking bingahipun sakala punika ugi lajêng anjêlih. Mênggah sajatosipun tiyang sêpuh ingkang dhatêng wau, botên sanès inggih punika: Tuwan Propesor Portêr, bapakipun Nonah Jinê. Kala samantên pêpanggihanipun bapa lan anak, kasoking manah botên katêrangakên ing ngriki, sanalika lajêng sami arêrangkulan. Nonah Jinê dipun rangkul ing Propesor Portêr sarwi dipun arasi, salêbêtipun makatên wau, kalihan botên kêndhat angêdalakên êluhipun, tansah acarocosan mili anurut pipinipun ingkang sampun kisat-kisut. Ngantos pintên-pintên mênit dangunipun anggèning tuwan propesor sagêd nata pikiranipun malih, saha sagêd wicantên.

Sarêng botên antawis dangu malih tuwan propesor sumêrêp Tarsan, sakala punika angrumaosi nginglung kadosdene ewah èngêtanipun. Tiyang sanès, langkung malih Nonah Jinê, nyumêrêpi kagèting manahipun tiyang sêpuhipun wau, lajêng enggal-enggal nêrangakên kanthi pangatos-atos, bilih Tarsan ingkang katingal samangke punika, inggih têmên manawi Tarsan kala rumiyin. Nanging tuwan propesor, sanadyan sampun katêrangakên kanthi cêtha, ewasamantên mêksa botên purun pitados, awit botên ngêmungakên piyambakipun piyambak, sadaya kônca-kônca sêsarênganipun, sampun sami anêtêpakên, bilih Tarsan punika sampun pêjah, lan inggih kadospundi kemawon, piyambakipun mêksa botên sagêd pitados, bilih dewaning wana ingkang dados jiwanipun Jinê, punika samangke taksih gêsang arêruntungan wontên ing sangajêngipun.

Ing salajêngipun, nalika tuwan propesor anakèkakên kadospundi kawontênanipun Kleton, sarta dipun wangsuli bilih sampun pêjah, manahipun tuwan propesor sakalangkung anggêglêg tansah karônta-rônta.

Kalihan ing sêmu katingal prihatos sangêt, tuwan propesor [prope...]

--- 1580 ---

[...sor] apitakèn dhatêng Tarsan: Mangke rumiyin ta Tuwan Tarsan, kula têka botên mangrêtos babarpisan dhatêng ubat-ubêting lêlampahan punika, jalaran Tuwan Turan sampun cariyos dhatêng kula sakônca kanthi têmên-têmên, bilih pêjahipun Tuwan Kleton punika sampun lami.

Mirêng têmbungipun tuwan propesor ingkang makatên punika satêmah Tarsan lajêng gêntos pitakèn dhatêng tuwan propesor makatên: Lo, punapa Turan samangke kêmpal kalihan panjênêngan sakônca.

Wangsulanipun tuwan propesor: Inggih, samangke piyambakipun pancèn kêmpal kalihan kula sakônca, malah anggènipun sagêd kêpanggih kalihan kula sakônca punika dèrèng dangu. Punapa malih lajêng ajak-ajak kula sakônca dhatêng ing gubug sampeyan. Salêbêtipun kula sakônca sami anjajah wana punika, ingkang dados papan palêrêmanipun, sajatosipun botên têbih saking ngriki, inggih punika ing sisih lèr ngrika. Wah, mendah kados punapa badhe bingahipun Tuwan Turan manawi ing mangke sagêd pinanggih kalihan sampeyan utawi Jinê malih.

Tarsan lajêng anyambêti wicantênipun makatên: Kajawi bingah, bokmanawi gumunipun inggih satêngah pêjah.

Sasampunipun sami rêrêmbagan, têtiyang sadaya wau lajêng sami anglajêngakên lampah anuju dhatêng gubugipun Tarsan. Botên dangu lampahipun lajêng dumugi ing papan tênggar, inggih ing ngriku punika papan dununging gubugipun Tarsan. Kala samantên katingal wontên sawatawis tiyang ingkang sami mlêbêt mêdal saking gubug ngriku, dene antawisipun para têtiyang ingkang sami katingal lumêbêt mêdal saking gubug wau, ingkang dipun sumêrêpi saha ingkang lajêng dipun têpangi rumiyin, botên sanès inggih punika mitra darmanipun ingkang sampun sinarawèdi, saha ingkang sampun nate kêmpal gêgriyan wontên ing Paris. Sintên mitranipun ingkang sinarawèdi wau, inggih ingkang nama Litnan Dharno.

Kanthi grapyak saha sênênging manah sanalika punika Tarsan lajêng enggal-enggal cêluk-cêluk makatên: Pol, Pol Dharno. Lo, kowe kok ana ing kene, mungguh sêdyamu bae apa. Saka judhêging pikirku nêmoni lêlakon kaya mangkene iki, rumasa owah pikiraku.

Kawontênan ingkang dipun anggêp anganèh-anèhi wau, sanalika ugi lajêng katêrangakên dening Litnan Dharno. Mênggah cêthanipun makatên:

Ing ngajêng sampun kacariyos, bilih Tuwan Dharno punika dados litnaning baita kapal pêrang Pêrancis. Ing satunggiling dintên kapal pêrang wau, angsal parentah kêdah anganglang dhatêng ing gisik ngriku. Saking pramayoginipun Litnan Dharno, kapal pêrang wau lajêng labuh wontên ing ujung sacêlakipun ngriku. Mênggah pikajêngipun Litnan Dharno amrayogèkakên labuh wontên ing ngriku punika wau, jalaran amurih sagêda piyambakipun sakônca dalah para matrus-matrusipun pisan, sami anuwèni gubug, ingkang kala kalih taun kapêngkêr dados ajanging lêlampahan tuwin kawontênan ingkang botên gampil kasupèkakên, jalaran saking kawontênan ingkang anggêgirisi. Sarêng Litnan Dharno sakônca tuwin para matrus sampun sami sagêd mêntas wontên ing dharatan, wontên ing ngriku dumadakan lajêng pinanggih kalihan Lod Tènington sakancanipun. Dene nalika dintên dhatêngipun Tarsan wau, sajatosipun Litnan Dharno sakônca, punapadene Lod Tènington sakônca sampun sami tata-tata nêdya badhe minggah ing kapal, lan enjingipun têrus badhe pangkat wangsul.

Samangke nyariyosakên Nonah Sêtrong. Kadospunapa bingahing manahipun Nonah Sêtrong dalah ibunipun, punapadene Èsmêraldhah tuwin Tuwan Pilandhêr, sarêng anyumêrêpi dhatêngipun Nonah Jinê kanthi wilujêng, ing ngriki botên sagêd anggambarakên. Sêmunipun sadaya lêlampahan wau, kadosdene satunggiling kaelokan kemawon. Mênggah pamanggihipun têtiyang ing ngriku wau sadaya, lêlampahan ingkang elokipun samantên punika, ngêmungakên Tarsan ingkang sagêd anglampahi. Salajêngipun têtiyang wau sadaya, saking anggèning sami anglairakên bingahing manahipun ingkang tanpa pêpindhan, lajêng sami angalêmbana, anggunggung tuwin amêmuji dhatêng Tarsan. Ing kala punika tumrapipun Tarsan angrumaosi kadosdene kalingsêman, botên andadosakên sênênging manahipun tampi pangalêmbana utawi panggunggungipun tiyang kathah. Malah saking rikuhipun, ing kala samantên tuwuh tekadipun badhe wangsul kemawon dados kêthèk malih.

Salajêngipun têtiyang sadaya wau sami amigatosakên dhatêng têtiyang bôngsa Wasiri ingkang anggarubyug Tarsan. Ing wusana têtiyang bôngsa Wasiri lajêng sami nampi ganjaran warni-warni saking para mitraning rajanipun, inggih pun Tarsan wau. Nanging sarêng sami mirêng, bilih ratunipun badhe minggah ing baita agêng ingkang labuh wontên ing ngriku punika, nêdya nilar piyambakipun sakônca, ing ngriku lajêng katingal cuwa saha prihatos sangêt. Badhe kasambêtan.

Isinipun: Tatwawara - Darmawisata dhatêng Sarangan - Kawontênanipun Itali kayankalihan. Ngabêsi - Pahargyan P.I.S. ing Surakarta - Kautaman - Amatêsi Lêbêting Ban Motor tuwin Gêndhis Batu - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

--- 193 ---

Nomêr 49, taun V

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu.

Cangkriman

1. Jênênging buku Bale Pustaka. Jênênge ana nêm wanda, yèn diwaca wanda kang nomêr siji, nomêr papat lan nomêr nêm, dadi jênênging êcise Bathara Guru. Yèn sing diwaca wanda nomêr loro lan nomêr nêm, dadi piranti amèk iwak. Yèn diwaca wanda kang nomêr têlu lan nomêr nêm dadi jênênging dewa kang salah rupa. Mara buku apa.

2. Buku manèh, jênênge ana limang wanda. Yèn diwaca wanda kang nomêr siji nomêr têlu lan nomêr lima, dadi arane pangkat luhur bôngsa Jawa. Yèn diwaca wanda kang nomêr papat lan loro dadi têgês gawe. Jajal, iki buku apa manèh.

3. Kutha ing tanah Jawa Têngah, yèn ditulis nganggo aksara Latin ana rolas aksara. Yèn dibuwang aksarane papat ngarêp lan papat buri, dadi jênênge pulo. Kutha apa, badhenên.

4. Iki iya jênênging kutha. Yèn ditulis aksara Latin cukup dipêtha nganggo dimik rèk pitulas êlêr. Iki kutha ngêndi.

Adi, ing Siyak S.O.K.

Batanganing cangkriman.

1. Tri Jakasuwala.

2. Budi Pakarti.

3. Purbalingga.

4. KLATEN.

[Grafik]

Gambar critane Goeliper ing nagara Ruslan, nalika ana ing nagarane wong saukiran, kinarubut ing wong akèh, wusana dibônda kaêrut-êrut.

--- 194 ---

Ala Winalês Bêcik

XI.

[Pocung]

Manthuk-manthuk Pawira angguyu guguk / lan muni sêmbranan / kasangêtên ta manawi / ing salami mung kanggenan raos desa //

nuli kumpul / tata-tata budhal nusul / mênyang sayêmbaran / mung budhal uwong têlu thil / Radèn Sigit digarubyug ora karsa //

nyata bagus dhasar mêngko kaduk bêsus / panganggone lugas / macak barès ngayang batin / sarwa kêlêm mung anèng sawangan ngegla //

ketok mathuk jarik wora-wari rumpuk / sabuke prasaja / yuyu sakandhang ngêlêmi / èpèk lakên anjangês irênge cêtha //

klambi cancut cancingan sikêpan tutup / abênikan iras / bakal lurik rajêgwêsi / ikêt modang nyêkok asinthing guntingan //

rôngka capu katara wanguning sêmu / satriya ing desa / sajake kaduk gumêdhig / nunggang jaran dhawuk glèlènge katara //

kaya saguh dipapagna karo mungsuh / ing sadalan-dalan / akèh wong padha ngruruhi / yèn brêgase ing nagara durung ana //

têmbung iku mung pangalêm kang salugu / dene kang anômpa / ambadhêdhêg ana ngati / Pak Pawira ketok abangêt kaduga //

nganti jujul nuli unine jumêdhul / pancèn iya nyata / baguse bandara iki / rêca kayu golèka môngsa anaa //

saya sêru Pawira anggone clathu / nganti gawe ewa / bandarane alon nolih / lan ngandika kowe iku ana apa //

lan angguyu Pawira matur kasusu / o botên punapa / namung andongèng sakêdhik / timbang nganggur luwung anggunggung bandara //

kang digunggung / mangsuli lan mèsêm tanggung / iku uwis lumrah / watak kang nguyah asêmi / ora liya kêwêtu saka wong tuwa //

nanging iku kapetung ya rada saru / yèn ing tatakrama / bêcike rada disirik / awit mungguh rasaning wong liya beda //

wira nyundhul: iku yèn kêsusu jujul / durung wêruh papan / êmpane isih ngêdohi / wong anggunggung tibane ora kêtrima //

mung andhingkluk Pawira karo malêruk / nanging nuli ilang / labêt wong sênêng ing ati / ing wusana lakune ngambah ing kutha //

saya gupyuk wong wong kang padha kêpêthuk / alok bêbarêngan / bagus têmên uwong iki / ing kiraku iki mêsthi wong ngamônca //

alon nyêndhu Pawira kamoran nêpsu / bok wis aja kôndha / kowe aja amraduli / kaya ngono watake uwong nagara //

angacêmut Radèn Sigit lan ambacut / mung alon nyuwara / dahwèn têmên uwong iki / Wirapati muni: kono rasakêna //

saya rubung wong akèh barêngan umyung / malah asuk-sukan / lakune tansah kêkinthil / ngêtut laku lumêbu mênyang nagara //

nuli krungu ana wong calathu sêru / o, o, iya iya / yèn mirid baguse kuwi / mêsthi arêp anglêboni sayabara //sayêmbara.

ing lun-alun akèhing uwong kumêlun / akèh sinatriya / barêngan padha nglêboni / mêmanise nganti ngêbaki nagara //

--- 195 ---

Motor Mabur kang Diarani Zeppelin

Bocah-bocah mêsthine wis akèh kang krungu kang diarani motor mabur Zeppelin, kang misuwur têkan ngêndi-êndi. Nanging wujude jêbul mung kaya srutu bae. Nontona gambare.

[Grafik]

Yèn mirid wujude iku, sajak mung lumrah bae, dene nyatane, ing sajroning barang kang mung ambaluju mau awujud omah kang sarwa mêpêki isine, ana paturone, padusan, papan palinggihan, pawon, lan liya-liyane, cêkake nyukupi kabutuhan.

Motor mabur kang kaya ngono mau, tinêmune ana ing tanah ngamônca lagi diudi murih saya sampurnane, awit panjangkane, kênaa kanggo angubêngi jagad, mêsthine kang duwe sêdya mêngkono mau para sugih bangêt, awit yèn dudu bangsane wong kaya ngono, mêsthine ora bakal kalakon.

Miturut kabar, ing tanah kene iya bakal arêp ditêkani motor mabur kang kaya ngono mau. Sarèhning wujude bae mung sarwa makewuh, lan papan panggonaning lèrèn bakal ora trima papan sathithik, mula bakal digawèkake palerenan dhewe. Dene wujude palerenan, kaya ôndha, ing dhuwur nganggo plataran, kang prêlune banjur kanggo mudhun uwong. Dadi motor mabur mau kayadene mencok.

Kang kacêtha ing gambar iki motor mabur kang nuju lèrèn ana ing tanah Amerikah kidul. Mirid ananing tanduran, sajak ana ing tanah kene.

--- 196 ---

Kewan kang Wujude Anèh

Padha-padha kewan, sabangsane kêthèk iku kêgolong anèh dhewe. Anèhe mau dene wujude mirib manungsa, lan jalaran saka anggone mirib, iya duwe wêwatêkan kang rada mèmpêr manusa.

Kêthèk iku bangsane warna-warna, ana kang mèh plêk karo uwong, iya iku kang diarani rangutan, lan pangrêtine uga rada beda tinimbang kêthèk liyane.

[Grafik]

Bab gêdhe cilike, bangsane kêthèk iku iya golongan anèh. yèn kang gêdhe nganti ngungkuli uwong, kaya ta kang tinêmu ing carita Tarsan. Dene kang cilik, ana kang wis nêmokake, cukup dilinggihake ana ing sendhok mangan.

Kêthèk iku lumrahe tangane dawa, dhasar prigêl, mangkono uga sikile, tumandanging gawe padha bae karo kaprigêlaning tangane.

Mungguh wujude duwe pasêmon dhewe-dhewe, iya mèmpêr uwong, nanging irunge pèsèk. Dene kêthèk kang kacêtha ing gambar iki, duwe pasêmon kaya wong kang wis kaki-kaki, sajake duwe watak sarwa lumuhan. Pinangkane saka tanah Indhu.

Yèn ing bab sugihing akal, kêthèk iku mêgah-mêgahake, tur akale muthakil, mula nganti kanggo upama, wong kang sugih akal kanthi muthakil, iku kaya akaling kêthèk. tumrap wong kang diupamakake mangkono mau diasorake. Têgêse dudu akal kang bêcik.

--- [0] ---

TARZAN KÊTHÈK PUTIH

Cariyos ingkang sakalangkung nêngsêmakên, ingkang sampun nate kapacak wontên ing Kajawèn. Ingkang dipun ajêng-ajêng ing akathah murih kawêdalakên awujud buku.

Bale Pustaka botên kawratan mituruti pangajêng-ajêngipun ngakathah wau. Samangke cariyos Tarzan sampun kababar dados buku, basa ngoko, aksara Latin, rinêngga ing gambar. Para maos têmtu saya marêm.

Mênggah gancaripun cariyos Tarzan wau makatên:

[Grafik]

Lord Clayton, satunggiling bangsa Inggris, nglampahi ayahaning nagari kautus nitipriksa satunggiling prakawis dhatêng Afrikah sisih kidul. Kesahipun kalihan semahipun. Saking kitha palabuhan ingkang dipun jujug nalika mêntas dhatêng saking tanah Inggris, piyambakipun lajêng numpak baita alit badhe lajêng dhatêng panggenan dununging prakawis ingkang badhe kapriksa. Dèrèng ngantos dumugi, dilalah ing baita ingkang dipun nunuti wau wontên dahuru. Piyambakipun lajêng kapêksa dipun andhapakên wontên ing panggenan, ingkang têbih lèr têbih kidul, dumunung wontên ing gisiking sêgantên, amêngkêrakên wana gung liwang-liwung. Wontên ing ngriku lajêng damêl pondhokan. Dipun ênggèni kalihan ingkang èstri. Kala samantên ingkang èstri sampun angandhêg. Sarêng sampun dumugi wancinipun lajêng ambabar, mêdal jalêr. Sabibaripun gadhah lare wau, sarèhning manahipun tansah kêtar-kêtir, dening botên kèndêl dipun rubung sarta dipun ganggu ing kewan galak, badanipun saya dangu saya kêra. Wasana ngantos dados lan tiwasipun. Pêjahipun ingkang èstri, anjalari Lord Clayton lajêng ngênglêng, supe nêdha supe tilêm, sarta ical kaprayitnanipun ing bab ananggulangi kewan galak. Ngantos katêmahan pondhokipun kenging dipun lêbêti bangsanipun kêthèk agêng-agêng, ingkang lajêng amrajaya dhatêng Lord Clayton. Dene anakipun, angsal pitulunganing Allah, kapupu ing satunggaling kêthèk, bangsanipun kêthèk agêng-agêng wau, têrus dipun upakara kangge lêlintunipun anakipun piyambak ingkang kala samantên mêntas kemawon pêjah.

Dening biyung pupon wau bayi ingkang pawingkingipun lajêng kanamakakên Tarzan, ingkang lajêng dipun upakara manut sacaranipun kêthèk. Dipun têdhani punapa têdhanipun kêthèk, sarta dipun ajari mènèk utawi mlembar-mlembar kados salimrahipun kêthèk.

Awit saking beda rupinipun kalihan kanca-kancanipun, wontên ing golonganipun kêthèk Tarzan tansah dados cêngesan. Ingkang makatên wau lajêng anjalari tuwuh akalipun warni-warni sarta tuwuh raosing manahipun dhatêng bab kaadilan. Dhasar piyambakipun punika pancèn anak tiyang. Sampun kinodrat gadhah budi pintêr, nalar pêncar kados salimrahipun tiyang. Samukawis ingkang dipun sumêrêpi utawi dipun alami, dipun manah kanthi panjang, dipun reka-reka, dipun gathuk-gathukakên, ngantos sarêng sampun jaka, sagêd gadhah kasagêdan warni-warni ingkang bangsanipun kêthèk botên gadhah, upaminipun: nglangi, damêl kala (jirêt) lan sanès-sanèsipun, punika kajawi kaprigêlan utawi kêkiyatanipun bangsa kêthèk.

Awit saking kalangkungan ingkang kados makatên wau, tumrap bangsa kêthèk utawi kewan galak sanèsipun, Tarzan lajêng dados mêngsah ingkang anggêgirisi, sadaya sami ajrih, sadaya sami ering. Kawêwahan malih anggènipun kadunungan watak kamanungsan, sumêrêp dhatêng kasaenan, ngrêtos dhatêng katrêsnan, ngrêtos dhatêng kaadilan. Wusana piyambakipun lajêng kaangkat dados ratuning kêthèk.

Kajawi saking punika, awit saking lampah kapinujon, danguning dangu piyambakipun sagêd manggihakên griya tilaranipun Lord Clayton. Ugi saking kapinujon, lajêng ngrêtos dhatêng kanggenipun kunci. Ngrêtos ambiyaki buku, ngrêtos aksara. Sakawit namung ingkang dados têtêngêring gambar, dangu-dangu sagêd maos, sagêd nyêrat. Namung ngungêlakên ingkang botên sagêd.

Awit saking anggènipun mrangguli bangsanipun tiyang wanan, ingkang gadhah dêdamêl panah, tumbak utawi sanès-sanèsipun, sêsêrêpanipun Tarzan ugi mindhak malih. Botên namung ngrêtos dhatêng kanggenipun dêdamêl-dêdamêl wau kemawon, nanging ugi lajêng ngrêtos dhatêng watak wantunipun bangsa tiyang wanan, dalah sapiandêlipun pisan.

Bibar kapanggih kalihan bangsa kulit cêmêng wau, Tarzan lajêng kenging dipun wastani dados ratuning wana. Botên wontên isining wana ingkang botên kenging dipun wasesa. Danguning dangu saking kêrsanipun Ingkang Kuwaos, ing wana panggenanipun Tarzan wau lajêng kadhatêngan bangsa kulit pêthak. Ing ngriku awit saking anggènipun mitulungi tiyang bangsa kulit pêthak samangsa kasasar utawi badhe dipun mangsa ing kewan galak, piyambakipun lajêng sagêd mêmitran kalihan bangsa kulit pêthak. Sagêd ajar wicantênan. Sagêd tiru tatacaranipun lan sanès-sanèsipun ngantos kalampahan sagêd wangsul dhatêng tanah Eropah.

Rêginipun mirah sangêt, Jilid I namung ... f 0.35, Jilid II lan III sawêg kaêcap, mèh rampung

Wêdalan BALE PUSTAKA - BATAVIA-C.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 100, Rê Lê, 22 Pasa Jimakir 1866, 18 Dhesèmbêr 1935, Taun X

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1581] ---

Ôngka 100, Rê Lê, 22 Pasa Jimakir 1866, 18 Dhesèmbêr 1935, Taun X

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1,50 bayaran kasuwun rumiyin botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Trowongan

[Grafik]

Margi trowongan ing antawisipun Sibolga - Tarutung, Tapanuli.

--- 1582 ---

Raos Jawi

Kautaman.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 99.

8. Anggêgulang kawicaksanan. Manungsa ingkang wicaksana punika prasasat priksa sadèrènging winarah, pramila sagêd angintên-intên lampah jantraning jaman.

9. Anggêgulang ing kasêktèn. Manungsa samôngsa sampun sêkti môndraguna, sanadyan sujanma ingkang mênangan, taksih manggèn ing sangandhapipun.

Kautaman ing nginggil punika wau, sampun anindakakên ing wajibing ngagêsang, têgêsipun manungsa ambudi dhumatêng bênêr bêcik. Mila lajêng kasêbut sujanma ingkang anêtêpi wedhaning panguripan.

3. Musthikaning kautaman. Ingkang kawastanan musthikaning kautaman punika pokokipun saking lila, lêgawa, narima. Punika pilih manungsa ingkang sagêd kadunungan. Sagêdipun kadunungan manawi bangkit ulah kapandhitan, ulah katêpan, ulah kasabaran. Sagêdipun kadunungan manawi bangkit anggêgulang kawêlasan, anggêgulang kawruh raos, anggêgulang raos, anggêgulang kawruh sangkan paran.

Pêcahipun golongan musthikaning kautaman:

1. Lila, ingkang kawastanan lila punika ingkang sampun mungkur ing bab petang,

2. Lêgawa, ingkang kawastanan lêgawa punika manungsa ingkang sampun sumèlèh.

3. Narima, ingkang kawastanan narima punika manungsa ingkang sampun sagêd ngipatakên panjôngka kang kae-kae.

4. Ulah kapandhitan. Pangulahing kapandhitan punika kêdah sagêd angêmong ing sasami sarta mulang muruk, miwah bêtah atêtèki, tuwin mêmuji arjaning praja.

5. Ulah têpa, pangulahing katêpan punika kêdah dhatêng raos pangraosipun piyambak, têgêsipun manawi raosipun piyambak bilih kataman ing ukara saking sanès karaos botên sakeca, raosing sanès tamtu inggih makatên.

6. Ulah asabaran.kasabaran. Pangulahing kasabaran punika kêdah angênggèni watak samodra, têgêsipun sagêd amot ing saniskara.

7. Anggêgulang kawêlasan, panggulawênthahing kawêlasan punika kêdah wêlas asih dhatêng sadaya sipat gêsang.

8. Anggêgulang kawruh raos. Panggulawênthahing kawruh raos punika kêdah talatos angraos-raosakên, sarta anêniti dhumatêng wêwatakaning sanès.

9. Anggêgulang kawruh sangkan paran. Panggulawênthahing kawruh sangkan paran punika kêdah asring-asring amuntu tekad, anyingkirakên rêtuning batos, sarta anduwa hawa ingkang tumalawung, miwah anipisakên napsuning raos, tuwin kêrêp angêningakên cipta.

Pun Kèk Wir, ing Sêmarang, K. 640.

--- 1583 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Bôngsa Batak.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 98.

Ing wiwitan sampun kula cariyosakên, bilih bôngsa Batak punika manggèn ing paresidhenan Tapanuli, Sumatra. Tapanuli punika asli saking têmbung: tapian na uli, têgêsipun padusan ingkang endah.

Sapratiganing bôngsa Batak punika sami agami Islam, sapratigan agami Kristên saha sapratigan malih agami asli.

Bôngsa Batak punika gadhah carakan (alphabet) cacahipun aksara wontên 19 inggih punika:

a, ha, na, ma, ra, ta, la, pa, ga, ja, nya, nga, sa, da, ya, ba, wa, i, u.

Rumiyin ingkang kangge papan nyêrat babakaning kajêng kapualim, sanès dalancang. Têtiyangipun ingkang sagêd nyêrat tuwin maos, kirang langkung wontên sapalihing cacahipun tiyang jalêr bôngsa Batak sadaya.

Miturut cariyosipun para sagêd bôngsa walandi saha bôngsa Eropah, aksara Batak wau asli saking tanah Indhustan.

Manawi miturut dongèng makatên: Sadaya Ilmu saha buku-buku punika aslinipun saking satunggiling dêling ingkang gêsang ing Timor nalika jaman kina.

Kacariyos, ing satunggiling dintên wontên godhong sawatawis ingkang rêntah, ing godhong-godhong wau wontên sêratanipun asli saking Dhebata, inggih punika ratuning dewa. Lajêng para guru-guru sami nelad sêratan ingkang wontên ing godhong-godhong wau, kainggahakên ing buku-buku, ingkang kawastanan pustaka. Sapunika sampun botên wontên tiyang ingkang sagêd andamêl buku babakan kados rumiyin.

[Grafik]

Bôngsa Batak mangangge cara adat.

Tiyang èstri ing tanah Batak aosipun sami kalihan tiyang tumbasan. Manawi lare èstri sampun ngancik diwasa, piyambakipun lajêng dipun sade. Sintên ingkang pambayaripun kathah piyambak, punika ingkang dados jodhonipun.

--- 1584 ---

Manawi bapa utawi bojonipun pêjah, tiyang èstri botên angsal warisan, malah dipun waris. Piyambakipun lajêng dados gadhahaning ipenipun jalêr.

Sarèhning bôngsa Batak punika manawi botên gadhah anak dipun anggêp siksan ingkang agêng piyambak, pramila tiyang ingkang jêjodhoan punika ingkang dipun suwun rumiyin piyambak supados gadhah anak. Panyuwunipun makatên:

Laklak ni singkoru, / Na gantung diginjang pintu, / Maranak sapulu tolu, / Marboru sapulu pitu //

Têgêsipun, kula nyuwun anak jalêr 13, saha anak èstri 17.

[Grafik]

Griyanipun tiyang Batak.

Punapa tiyang Batak punika langkung rêmên gadhah anak èstri. Punika katranganipun, inggih utawi botên. Inggih amargi lare èstri wontên rêginipun, sanadyan botên sagêd angsal warisan baranging tiyang sêpuhipun.

Biyung Batak rêmên sangêt kalihan anakipun, piyambakipun narimah mangangge awon saha nêdha botên eca, janji anakipun sagêd rêmên.

Manawi tiyang Jawi ngudang anakipun ingkang kathah lajêng pados têmbung-têmbung ingkang sae, kados ta: anakku sing pitêr-pintêr dhewe, sing bagus-bagus dhewe, sing lucu-lucu dhewe, saha sasaminipun.

Manawi tiyang Batak malah kosokwangsulipun bilih anakipun dipun wastani bagus, ayu, lucu utawi lêma, biyungipun nêpsu sangêt. Awit para setan saha jim pri prayangan, ingkang dipun rêmêni lare ingkang bagus utawi ayu saha lêma, amargi ajrih dhatêng setan, dados anak wau dipun kudang mawi têmbung-têmbung ingkang angajrih setan.§ Jawi ugi sairib, tumraping bayi ingkang bagus ing warni, dipun kudang: wah, èlèke, utawi: bocahe èlèk. Red.

Wiwit lair ngantos lare umur 7 dintên, ing griya kêdah wontên latu murub têrusan saha botên kenging dipun sukakakên dhatêng tiyang sanès griya. Ing ngandhapipun griya ugi kêdah wontên latu, prêlunipun supados para setan sami ajrih (griya Batak punika wontên sanginggilipun cagak).

Manawi lare sampun umur 7 dintên, kabêkta dhatêng lèpèn, prêlu badhe dipun dusi. Anggènipun ngêdusi lare ugi kêdah mawi upacara, [upa...]

--- 1585 ---

[...cara,] awit manawi botên makatên para setan sami kumrubut.

Lare wau ingkang nyukani nama tiyang sêpuhipun, nanging kadhang-kadhang ugi larenipun piyambak. Caranipun, tiyang sêpuhipun undang-undang nama-nama sawatawis, manawi lare gumujêng, punika pratôndha bilih piyambakipun rêmên kalihan nama ingkang pinuju dipun ucapakên. Manawi lare nêmbe sakit, namanipun lajêng dipun pindhah.

Ing Mandhailing têtiyang ngangge nama-nama Arab, ananging lajêng dipun Batakakên, kados ta: Abdullah dados Badhu, saha Usman dados Soman.

Sadaya lare gadhah pamong ingkang botên katingal, ingkang kawastanan Parorot.

Lare-lare sagêd ngyêktosi dhatêng tiyang sêpuhipun, jalaran saking ing sirah wontên sungunipun ingkang botên katingal, ingkang sagêd sumêrêp namung anak-anakipun piyambak.

Lare-lare manawi ngundang bapakipun: ama ngundang biyungipun inang.

Saking trêsnanipun lare dhatêng biyungipun, pramila manawi wontên karibêdan, ingkang dipun sambati inggih biyungipun.§ Bôngsa Jawi ugi sairib makatên, tandhanipun manawi kasakitan, sambat adhuh biyung. Red.

Bilih lare sampun nyandhak umur 11 taun, lajêng kapisah kalihan tiyang sêpuhipun.

Lare-lare jalêr manggèn wontên ing langgar, saha lare-lare èstri ing griya piyambak.

Manawi siyang têtiyang Batak jalêr èstri, agêng alit sami nyambutdamêl awrat, awit têtiyang Batak pancên pêthêl, kenging dipun angge tuladha.

Manawi sampun dalu lare jalêr ingkang sampun agêng sami mrêtamu dhatêng panggenaning lare-lare èstri.

Lare-lare jalêr sami ambêkta sêdhah, mênggah punapa prêlunipun sanès dintên kula cêthakakên.

Lare-lare jalêr wau sami reka-reka nêdha latu. Manawi lare èstri ingkang dipun tuju purun nampèni, kori lajêng kabikak, manawi botên purun lajêng sanjang manawi botên gadhah latu.

Botên anggumunakên manawi kula aturakên bilih ingkang nampèni tamu kathah piyambak lare èstri ingkang endah warninipun.

Dene tumraping bôngsa Jawi, ingkang dipun wastani wanita endah warninipun, bilih wanita wau:

Rambutipun angandhan-andhan. Irungipun ambangir, pasêmonipun manis, kulitipun langsêp, alisipun kados rêmbulan tanggal sapisan, lampahipun kados sima luwe, tindak-tandukipun sarwa luwês, makatên sasaminipun.

Nanging tumrap tiyang Batak, bab punika botên patos mraduli dhatêng warni. Ingkang dipun pilih lare ingkang botên gadhah cacad (miturut pamanggih Batak) pêthêl, kiyat, sagêd nampi tamu.

Tiyang èstri ingkang rambutipun bêrintik utawi angandhan-andhan, punika angèl anggènipun angsal bojo. Andhêng-andhêng ing bathuk punika dipun sirik, awit punika atêgês rêmên congkrah.

Andhêng-andhêng ing lambe ngandhap ugi dipun sirik awit punika atêgês ambêkta kacilakan.

Suyana Adinata.

--- 1586 ---

Pawartos Sanès Praja

Pasulayanipun Itali kalihan Ngabêsi.

[Grafik]

Radhio gagrag kina ingkang kapigunakakên ing Ngabêsi, ing sadèrèngipun wontên radhio gagrag enggal.

Sêsungut rêmbag ing bab badhe rukunipun Itali tuwin Ngabêsi tansah dipun tindakakên dening Inggris kalihan Prancis, nanging ing sêmu taksih manah sami awrat. Kados ta Itali inggih sampun nampèni usulipun Prancis, nanging Itali katingal namung awrat minangkani dhatêng pamrayogining liyan wau. Dene kajêngipun, Itali mêngku pangangkah warni-warni, inggih punika: 1. Marginipun Ngabêsi dhatêng sagantên supados mêdal laladan Itali. Ngabêsi kêdah dipun sukani palabuhan mardika, botên dhapur winêngku panguwasaning liyan. 2. Inggih sanadyan kadosa pundi kemawon, Itali botên niyat ngundurakên barisanipun, malah gadhah panêdha têtêping panguwaos ing panggenan-panggenan ingkang sampun dipun êbroki, namung tumrap saperangan ing laladan Tigre ingkang dipun tawèkakên. Pancèn sampun rumiyin mila Itali kapengin gadhah laladan ingkang sagêd anggandhèngakên Erythrea kalian Somaliland bawah Itali. Sagêd ugi Itali nyandèkakên anggèning ngrêbat laladan Harrar, nanging nêdha panduman langkung kathah tumraping laladan wau ingkang sagêd anggandhèngakên Ogaden kalihan Danakil. 4. Satunggiling jajahan Itali sisih Kidul, dipun kajêngakên sagêdipun ngêlar dumugi talaga-talaga sisih kilèn. 5. Pangajêng-ajêngipun, Itali angsala pitulungan saking

--- 1587 ---

nagari sanès, kados ingkang dipun sukakakên dhatêng Nata Ngabêsi. Usulipun Itali gangsal bab punika sanadyan sawêg rancangan, nanging kados botên têbih kalihan nyatanipun, saha ing ngriku lajêng katingal, bilih usul ingkang kados makatên punika ugi araos gêtir tumrapipun Ngabêsi.

Ing sapunika tumrapipun Ngabêsi, rêmbuging para pangagêng, apratela botên badhe ngêmori rêmbag padhamèn, ing sadèrèngipun, Itali nyingkirakên wadyabalanipun saking laladan Ngabêsi. Ing bab usul masrahakên laladan Ogaden dhatêng Itali, punika dipun anggêp rêmbag ingkang tanpa têgês, awit wiwit tuwuhipun paprangan ngantos sapriki, kawontênanipun wadya Itali kenging dipun wastani botên wontên kamajênganipun. Dados saupami dipun pituruti, lajêng nama kadospundi, sawêg kanalaripun kemawon sampun botên pikantuk.

Makatên ugi tumrapipun Nata Ngabêsi piyambak, botên badhe lajêng mituruti usulipun Inggris tuwin Prancis punapadene Itali, ingkang salugunipun Nata Ngabêsi dèrèng nguningani suraosipun.

[Grafik]

Têtiyang nuju nyambutdamêl wontên kantor bang ing Ngabêsi.

Malah tumraping wêwakil Ngabêsi ingkang wontên ing Paris, ugi tampi rêmbag supados ambiyantu sagêdipun kasêmbadan padhamèn. Ing bab punika, wêwakil Ngabêsi apratela, bilih sabab-sabab ingkang tuwuh saking Itali, punika nuwuhakên panacading umum, kados ta panêmpuhipun Itali dhatêng Ngabêsi, nama dakmênang. Mila Ngabêsi namung sarwa anduwa dhatêng usul-usul saking pundi kemawon, ingkang akajêng: 1. Suka kukupan dhatêng ingkang nêmpuh. 2. Mituruti kajênging mêngsah ingkang araos botên anggatosakên dhatêng rêmbaging liyan, 3. Nêmpuh nagari ingkang saksat tanpa kêkiyatan, murih mituruti dhatêng kajênging parentah ingkang langkung kiyat, ingkang tuwuh saking dêrêng kanthi kasantosaning dêdamêl.

--- 1588 ---

Cêkakipun, tumraping Nata Ngabêsi botên êngajêngi dhatêng usulipun Inggris tuwin Prancis, mênggah wêwatonipun, ingkang bakun kemawon kala tanggal 8 Oktobêr, parentah Ngabêsi sampun pratela bilih botên kapengin pêrang, kawusananipun Ngabêsi kêpêksa ambelani praja jalaran saking panêmpuhipun Itali. Kajawi punika Ngabêsi inggih sampun mituhu dhatêng rêmbag-rêmbaging komisi, ingkang kanthi tata sae, supados botên kalampahan wontên pêpêrangan, nanging pinanggihipun sadaya wau tanpa damêl. Dados Ngabêsi inggih botên sagêd namung sarwa miturut kemawon. Dene miturut pawartos saking Itali, Sang Mussolini badhe kintun wangsulan tumrap usul-usul babagan padhamèn saking nagari-nagari sanès ingkang gêgayutan. Nanging kajênging wangsulan wau kadospundi, dèrèng kasumêrêpan.

Tumrap pawartos ingkang pinanggih ing paprangan laladan Tigre, ing sapunika Ras Seyoem nêmpuh golonganing wadya Itali, salajênging wadya Ngabêsi nêmpuh Manager ngantos sagêd ngundurakên mêngsah ing ngriku. Ing sacêlakipun lèpèn Takazze, wadya Itali campuh kalihan wadya Ngabêsi ingkang sakalangkung kiyat, wadya Ngabêsi kenging kaundurakên, golongan kalih pisan sami nandhang karisakan sawatawis.

Nyarêngi kalamangsanipun, ing laladan Somali bawah Itali tuwuh sêsakit kolerah, kathah golongan Itali ingkang katrajang.

Miturut katrangan saking satunggiling jendral bôngsa Swedhên nama Virgin, ingkang sampun nate nglampahi dados sêsêpuhing wadya Ngabêsi, pratelanipun jendral wau makatên: ing pêpêrangan punika Ngabêsi tamtu badhe unggul, amargi golongan Itali tansah manggih pakèwêd, ingkang saya dangu malah saya wêwah-wêwah, inggih punika jalaran saking kêkirangan toya, tuwin pasitènipun parêdèn.

Tumraping Ngabêsi, kêkiyatanipun pinanggih ajêg kemawon. Ing ngajêng Nata Ngabêsi sampun dhawuh kêncêng nindakakên ruwêt-rêntênging watês, tuwin nyêgah supados wadya Itali sampun ngantos malêbêt. Nanging pinanggihipun wadya Itali malah saya ngangsêg malêbêt, dene kawêkasanipun tansah kasandhung ing rêribêd warni-warni. Mênggahing ambah-ambahan, tumraping bôngsa Ngabêsi, manawi minggah parêdèn kadosdene menda, balik bôngsa Itali, inggahipun rumaos langkung rêkaos, mênggah sababipun, kajawi saking sanès ambah-ambahanipun, ugi saking kawratên ambêkta dêdamêl. Gêlaripun wadya Ngabêsi namung tansah ngunduri, ingkang kawêkasanipun malah damêl kasayahaning mêngsah, ing salajêngipun Ngabêsi lajêng nêmpuh ing wanci dalu.

Pinanggihipun ing pêpêrangan punika, tumraping Ngabêsi namung nyamarakên panêmpuhing mêngsah saking gêgana. Malah ing Addis Abeba kathah tiyang sami kasamaran manawi dipun têmpuh ing mêngsah, mila têtiyangipun lajêng sami ngungsi pating bililung. Têtiyang ingkang ngungsi wau kirang langkung wontên 20.000. Nanging pinanggihipun kasamaran ingkang kados makatên punika botên wontên nyatanipun.

Dados mênggahing wos-wosipun rukunipun Itali kalihan Ngabêsi punika pangrêmbagipun dipun sambi taksih nindakakên pasulayan.

--- [1589] ---

[Iklan]

--- 1590 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Amatêsi Lêbêtipun Ban Motor sarta Gêndhis Batu

IV

Petruk: Kang Garèng, prakara panganluhe uwong kaya sing kok kandhakake ing ngarêp, kuwi rak wis lumrah, awit kaanane ing dunya kuwi beda-beda, ana sing ginanjar sênêng, ana sing ditakdirake langganan ora kapenak, lan sapadhane. Sing ora kêpenak utawa ora sênêng, mêsthine iya ngangluh, sing kêpenak utawa sênêng, iya nyêngèngès. Sarta ing dunya kuwi iya ora bisa digawe adil bangêt kae. Dadi uripe uwong kuwi ya untung-untungan, yèn laire ana ing donya kene kabênêran, uripe iya kêpenak, nanging nèk laire mau kêsasar, uripe iya tansah mênggik-mênthol, lan digawe: sama rata, sama rasa, têgêse: kêpenak kabèh, utawa susah kabèh kuwi mokal bisane. Jalaran saka iku, mulane ing jaman kuna, wong kang kajibah ngadili kaananing nagara kuwi diarani ratu, nèk saiki bokmanawa rama kangjêng guprêmèn, lo, kuwi sababe wong iya ora tau mêtu. Saupama ratu kuwi kêrêp mêta-mêtu, kluyuran dhewe nonton malêman utawa pasar Gambir, kiraku ora towong, anggone ... babak bunyak sabab diantêmi uwong, sabab iya le ora bisa nindakake adil bangêt mau. Tumraping ratu wis kêna diarani adil paramarta, anggêre wis ora ambedakake putra wayahe dhewe, karo abdi-abdine.

Garèng: Nèk iki pancèl iya mokal, Truk, awit paribasane bae rak ana yaiku: sagalak-galaking dênawa, sanadyan wis plunthus, iya ora bakal môngsa anake dhewe. Ora, Truk, ambalèni rêmbuge ing ngarêp, yaiku ing bab matêsi mlêbune ban motor kang anjalari laranging rêgane ban motor, kang banjur dadi sabab kuranging cacahe motor. Sanyatane, Truk, mungguhe wong sing kaya aku kiyi, sing kiraku salawase urip ora bakal anduwèni motor, nyang wong sing duwe motor kuwi, iya ora kêpriye-kêpriye, mung sok ora bisa nahan, sok gawe ati phanas. wong aku wis tau ngalami, kêsusu-susu arêp nunggang sêpur, dilalah dhokar sing tak tunggangi kuwi jarane mogok, wah, ing kala samono atiku wis ora karu-karuwan bangêt kae, iya kuwatir nèk kêpancal sêpur, iya mangkêl nyang jaran lan kusire, malah nganti satlêponge pisan. Dumadakan ing kala samono têpunganaku priyayi putri liwat ing kono nunggang motor. La kok têgêl-têgêle motore banjur dirindhikake, barêng wis cêdhak têpungaku mau kathik mèsêm karo aruh-aruh: Sugêng, kangmas, wadhuh, saka ngontog-ontoging atiku, mèh bae priyayi putri mau tak ... jak nyang pêngulon.

Petruk: Wiyah, tekade kathik ngajak ora omah mêngkono. Kang Garèng, pamuringmu mênyang priyayi putri têpunganamu mau, aku

--- 1591 ---

iya ora arêp maido, awit pancèn iya wis lumrah, wong kang lagi nandhang nalôngsa utawa ora kêpenak, kuwi sok gêdhe rasa rumasane, wong liya mèsêm-mèsêm karêpe dhewe, iya didakwa ngece. Kiraku priyayi putri mau iya ora niyat barang-biring, nanging ing sarèhne kowe lagi kêmropok atine, iya banjur kok dakwa sing ora-ora. Kaya-kaya iya ora beda karo kaananku saiki kiyi, ing sarèhne kalêbu bôngsa andhapan, yaiku kalêbu ing golonganing wong-wong sing sasi ngarêp dithèthèli saprasapuluhe saka panguripane, lo kuwi yèn adhêp-adhêpan karo bôngsa malaekat têgêse: golonganing bôngsa sing sasi ngarêp ora prêlu ngêncêngake kêndhite, kana kok cêngengas-cêngèngès, atiku iya wis kêmropok, awit rumasaku: wah, dhianyah sênêng sèh, aku dhapêt susah ini.

[Grafik]

Garèng: Wis, Truk, caturane kok banjur talencengan mêngkono. Mara, Truk, nèk nitik apa sing wis diandharake sadawan-dawan iki mau, rak iya cêtha, ta, anane nagara nganakake pranatan amatêsi mlêbune ban motor ana ing tanahe dhewe kene kiyi, mungguhing panêmuku: sapisan kiyi nagara mula iya nyata gawe pranatan sing mathuk bangêt, lan mumpangati tumrape bangsamu bangsaku kiyi, luwih manèh bangsaku bangsamu sing langganan ... ora tau duwe dhuwit.

Petruk: Caturanamu kuwi sanyatane ora pantês bangêt, Kang Garèng, awit ing kono kayadene kowe arêp ngarani, yèn mung pranatan kiyi sing pancèn bêcik bangêt tumrape bangsane dhewe, nèk liya-liyane: ora patia. Iki kowe kaliru bangêt, Kang Garèng, kabèh pranatan sing dianakake dening nagara, kuwi karêpe mêsthi bêcike, yaiku: ora kêna ora mêsthi kanggo kaslamêtane nagara lan para kawulane kabèh. Dene tumindake kadhangkala sok banjur salah wèsêl, kuwi dudu salahe sing gawe pranatan, nanging iya wong-wong sing nindakake, kayadene amatêsi mlêbune ban motor, kuwi wis têtela yèn bakal mumpangati bangêt marang bangsaku bangsamu kiyi, nanging ing sarèhne

--- 1592 ---

teori lan praktik kuwi beda, mêngko-mêngkone tumindake iya sok bisa salewengan, upamane bae mangkene: ban motor duwèking wong liya mokal bisane lumêbu mrene, nanging duwèke anak putune dhewe, saya dêrês. Lo, bisa kalakon sing mangkono kuwi, awit kowe kudu ngèlingi, wong iya jênêng manungsa, kuwi umume sing diprêlokake luwih dhisik iya ... wêtênge dhewe.

Garèng: Wis, wis, aja dibanjur-banjurake rêmbugane sing mung gawe nalangsane rêmpêlu bae kiyi. Saiki pakabaran sing nomêr loro, kuwi apa, Truk, tumêkane saiki durung kok wêdharake marang jênêng ingsun.

Petruk: Yakuwi panuwune para juragan pabrik gula batu ing Ngayogyakarta supaya nagara nganakake pranatan anyar amatêsi mlêbune gula batu saka nagara mônca.

Garèng: Hla nèk kiyi aku wis ora cocog sarini-rinia, Truk. Awit iki atêgês: bakal kurange mlêbune gula batu ana ing tanahe dhewe kene kiyi, kang wusanane anjalari rêganing gula batu bakal larang bangêt. Ora, Truk, hambok iya wêlasa marang bangsane dhewe kiyi. Dhèk biyèn kuwi kasênêngan lan kanikmatane bangsane dhewe, wah, sasayahe bangêt. Kaya ta: ambêdhil kondhe, saranane mimis kang diunèkake: loro ganjil, têlu ganêp, kathik sangune gorengan jêrohan.

Petruk: Wiyah, hambok: nyêrèt pacitane gorengan jêrohan, ana kok diubêng-ubêngake mêngkono.

Garèng: Hara, iki biyèn rak kalêbu mênyang kanikmatane bangsane dhewe, saiki wis dibêsinah ...

Petruk: Rak iya apik bangêt, ta Kang Garèng, dene bangsane dhewe wis ora akèh manèh sing padha nyêrèt kuwi. Iki dudu jênêng kanikmatan, nanging pangrusak awak, mulane yèn nyêrèt iki bisa ilang babarpisan saka dunyane dhewe kiyi, jênêng utama bangêt mungguhing kaslamêtane bangsane dhewe saumume.

Garèng: Aku ora arêp ngrêmbug bêcik lan utamane tumrap bangsane dhewe kiyi, sing tak kandhakake mung bab kanikmatane, bab sing kaya ngono kuwi, saiki wis di pènsiun. Banjur kasênêngane wong Jawa dhèk jaman biyèn kuwi: tayuban, iki umume iya wis dionslah kanthi irpol.

Petruk: Nèk mungguhing aku iya bêcik manèh, awit pahargyan tayuban kuwi wis ora mathuk tumrape jaman modhèrên kiyi, nyang pandêlêngan katone asor lan nistha bangêt.

Garèng: Iya, nèk tayuban karo bojone kancane, kathik carane mak krêkêp dhikêp bangêt, wah kiyi nyang mata katon: luhur, alus, lan susila, nanging nèk tayuban karo wong wadon sing jan dipiji kanggo tayuban, diarani: asor lan nistha.

Petruk: Lo, kowe aja kaliru tômpa, Kang Garèng, rungokna, tak jarwani.

--- 1593 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKI.

Cursus kawruh gêndhis. Technische School ing Sêmarang bikak cursus kawruh babagan gêndhis namung lêlahanan tumrap tilas murid-murid ingkang anggadhahi diploma babagan werktuigkunde, supados sagêd angsal padamêlan ing kalangan gêndhis, ingkang sapunika katingal majêng.

[Grafik]

Panggenan hawa asrêp. Kados sampun kathah ingkang nguningani, bilih ing tanah Priyangan punika hawanipun asrêp utawi sae. Inginggil punika gambaripun grojogan ing Citatur, ingkang ingriku hawanipun asrêp saha sae, laladan Priyangan.

Cèt pêthak ing spatbord sepeda. Wiwit tanggal 10 wulan punika K.N.I.M.C. nyadhiyani wontên kantoripun ing Bêtawi, Bandung, Surabaya, Padang, Palembang tuwin Makasar, ngêcèt pêthak ing spatbord sepeda cacah 10.000 namung lêlahanan. Sêdya punika pêrlu kangge anjagi kawilujênganipun ing margi.

Pabrik sigarèt ing Kêdiri. Ing Kêdiri wontên pabrik sigarèt enggal, gadhahanipun Tuwan Tan Swie Lian ing Surabaya. Ing sapunika sampun gadhah bêbau tiyang 70, tumindaking nglinting kalihan tangan. Sigarèt wau sasampunipun dados lajêng kakintunakên dhatêng Surabaya, sawêg dipun wadhahi, sabên sawadhah isi 20. Miturut wartos pabrik wau badhe dipun agêngakên, ngangge bêbau atusan.

Nyêgah T.B.C. Awit saking panêdhanipun pangarsa nanggulangi sêsakit T.B.C. Prof. Dr. Siegenbeek van Heukelom, sapunika Dr. Sukiman niti priksa têbaning tumularipun sêsakit T.B.C. ing Ngayogya. Dr. Sukiman pancèn sampun dangu migatosakên bab babagan sêsakit T.B.C. malah kêrêp sêsorah wontên radio bab punika.

Ngandhapakên prabeya. Wiwit tanggal 1 Januari 1936, tumrap pambayaran dhatêng Nirom, ingkang sapunika ambayar f 2.50, f 3.75 utawi f 7.50 sabên wulan, kaandhapakên namung ambayar waradin f 2.- sabên wulan. Tumrap para mirêngakên ingkang dèrèng langganan Nirombode, supados dados lêngganan, waragadipun sawulan namung f 0.50. Tumrap nomêr-nomêr ingkang kawêdalakên ing salêbêtipun wulan wiwitipun dados lêngganan, badhe kakintunan lêlahanan.

Postblad. Wiwit benjing 1 Januari 1936, pakaryan post ngêdalakên postblad gagrag enggal kanthi franco 7 ½ sèn, sagêd mundhut ing pundi-pundi rêgi 8 sèn. Dlancang wau botên sapintêna wiyaripun, pêrlunipun kangge ngêwrat ungêl-ungêlan ingkang botên patos panjang, ingkang botên pantês kasêrat ing kartu post, utawi mayar wragadipun. Ing sêrat ngriku botên kenging dipun kanthèni punapa-punapa, gambar sapanunggilanipun. Tiyang botên kenging damêl sêrat ingkang kados makatên piyambak, kadosdene kartupost. Sêrat wau kenging kangge kintun dhatêng tanah ngriki, nagari Walandi, Suriname tuwin Curacao. Manawi kangge kintun dhatêng nagari sanès, ngangge franco 15 sèn, dados kawêwahan malih. Manawi mêdal K.L.M. dhatêng nagari Walandi, wêwah 30 sèn. Postblad ingkang rêgêd kenging kalintokakên, kanthi bayar 1 sèn.

Mr. saking Madura. Mr. Rusbandi punika satunggiling Meester babagan pangadilan bangsa Madura ingkang kapisan, sampun dipun sumpah wontên sangajêngipun Raad van Justitie. Salajêngipun Mr. Rusbandi badhe bikak kantor wontên ing Bangkalan.

Indonesia Berjoang kenging persdelict. Redacteur "Indonesia Berjoang" Tuwan Sumantri, ing Surabaya, kasêrêg dening ingkang wajib ing bab karangan ciri "Persatuan dan Pergabungan". Sêrêgan punika kapetang ingkang kaping kalih. Sêrêgan ingajêng bab "Perbedaan cara menjajah". Sapunika redacteur ingkang kasêrêg taksih wontên tahanan.

Manggih barang ingkang agêng ajinipun. Kawartosakên, Tuwan Kesauly, bestuursassistent ing Tepa, manggihakên arêng sela ingkang gampil urubipun, mica-glimmer tuwin bangsaning oker tulèn, ingkang kenging kangge cèt sae. Kajawi punika ugi manggihakên sumbêr toya asin, ingkang kintên-kintên wontên lisahipun pèt. Barang-barang wau pinanggih wontên ing parêdèn Babar, sacêlakipun Banda. Salajêngipun ngintunakên polanipun dhatêng Ambon.

Boyongan bangsa Walandi. Sampun sawatawis dintên kapal Pahud bidhal saking Surabaya ambêkta bangsa Walandi sakawan badhe dhatêng papan paboyongan ing Oransbarie, Nieuw Guinea. Sadaya wau sampun nate sinau têtanèn wontên Jawi Wetan. Salah satunggaling tiyang wau tilas onderofficier ingkang sampun nate nglampahi babad wana wontên ing Acèh tuwin Borneo. Wontênipun ing purug punika badhe yasa kampung, milih ingkang inggilipun saking lumahing sagantên 300 m. Pangrèh praja janji ambiyantu dhatêng tindak punika.

--- 1594 ---

Kewan galak manggèn ing kabudidayan. Jalaran ing sapunika kabudidayan-kabudidayan ing Sumatra wetan kathah ingkang dipun tutup, kathah kewan-kewan galak ingkang ngambah kabudidayan. Satunggiling dintên wontên bangsa Eropa numpak auto ing wanci dalu, mrangguli sawêr agêng malang ing margi lajêng dipun plindhês. Tuwan wau lajêng akên mutêr wangsul, sopir mangsuli ajrih, awit sarêng kabudidayan dipun suwungakên, kathah kewan galak sanèsipun ingkang malêbêt dhatêng kabudidayan, kados ta sima, bruwang.

Têtiyang angguran ing tanah ngriki. Dumugi wêkasaning wulan Sèptèmbêr 1935 wontênipun golongan angguran ingkang dipun pèngêti dening Arbeidsbeurs: tiyang siti 13.027, Tionghoa 1219, bangsa Eropa 4120, gunggung 18.366. Ing sadèrèngipun Augustus, tiyang 12.585, bangsa Tionghoa 1194, bangsa Eropa 4017, gunggung 17.796. Ingkang dipun pitulungi dening steuncomite 3834, wontên arta f 60.380.11 (tumrap Sèptèmbêr), 3411, artanipun f 52.676.53. (tumrap Augustus).

Tindak ingkang sagêd ngajêngakên padagangan. Miturut wartos, benjing sabibaripun wulan Siyam, toko Jêpan Fuji Arita tuwin Kawai, badhe amborong opera Mis Riboet. Sintên ingkang sami têtumbas dhatêng toko tiga wau, badhe angsal karcis lêlahanan kangge ningali opera wau. Tamtu kemawon panumbasing barang sarana watêsan.

Dhukun ingkang ambêbayani. Ing Bawèn, Salatiga, wontên tiyang èstri sakit irung ngantos abuh dipun jampèni dening dhukun. Sakawit sêsakitipun wau dipun jampèni godhong dhadhap dipun pipis mawi apu tuwin sêmut irêng, nanging botên mantun. Lajêng dipun santuni jampi warangan kabubuk dipun dèkèki lisah klêntik, kangge ngosèr-osèri ingkang sakit. Tumanduking jampi wau katingal sakalangkung ngêgèt, sakitipun lajêng sangêt, wusana dumugi ing tiwas. Salajêngipun dados papriksan pulisi.

S.S. ing tanah Jawi. Miturut katrangan, panjanging margi sêpur S.S. satanah Jawi wontên 2300 km., cacahing locomotief 636, anggèrèt kreta tumpakan 2130, kreta barang sapanunggilanipun 15.000. Sadaya wau manawi dipun sambêt, panjangipun wontên 170 km., têbihipun sami kalihan saking Bêtawi dhatêng Bandung. S.S. gadhah krêtêg 4805, manawi dipun sambut panjangipun wontên 46.600 m., gadhah trowongan 10, panjangipun sadaya 4300 m. têbihipun Weltevreden-Surabaya mèh sami kalihan Paris-Marseille, wontên 821 km. dene Paris-Marseille wontên 860 km.

Tiyang kêluwèn. Sampun sawatawis dintên wontên têtiyang kathah asli saking Têlukpucung sami badhe sowan ingkang bupati Mr. Cornelis, pêrlu ngaturakên kasangsaranipun. Sanès dintên wontên malih têtiyang sagolongan saking Bêkasi ugi gadhah tindak kados makatên, ngantos adamêl ajrihipun tiyang kathah. Sarêng dalu sipêng wontên ing griyanipun Tuwan Kadar, warga P.S.I. Lajêng kalapurakên ing pulisi. Pulisi nindakakên papriksan sapêrlunipun.

Pamulangan luhur Pangadilan. Lulus doctoraal examen perangan kapisan, M. Ali Budiarjo tuwin Tuwan Abdullah Syukur. Ingsêr-ingsêran tuwin inggah-inggahan. Miturut kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Têngah, nyandèkakên pindhahipun Mas Mardono, Wêdana Sampyuh, Banyumas, dhatêng Adiwêrno, Têgal. Radèn Ngabèi Saharso, Wêdana Bandar, Batang, kapindhah dhatêng Adiwêrno, Têgal. Mas Ismail, Wêdana Paninggaran, Pêkalongan, pindhah dados Wêdana Bandar, Batang. Mas Mardono, Wêdana Sampyuh, Banyumas, pindhah dados Wêdana Paninggaran, Pêkalongan. Radèn Sayid, asistèn wêdana Jambu, Ambarawa, dados Wêdana Gombong, Karanganyar.

EROPA.

Garêjêgipun bangsa Pool kalihan Yahudi. Ing universiteit ing Warschau mêntas wontên pasulayaning student-student bangsa Pool tuwin Yahudi. Student-student bangsa Pool gadhah panêdha supados student-student bangsa Yahudi dipun pisah panggenanipun, nanging botên dipun pituruti, lajêng nuwuhakên pasulayan. Ngantos adamêl tutuping pangajaran.

[Grafik]

Sang Nata George II dumugi Griekenland. Ing bab konduripun Sang Nata George II dhatêng praja Griekenland sampun kacariyosakên ing Kêjawèn ingkang sampun kêpêngkêr. Ingriki ngêwrat gambaripun sang nata wau nalika dumugi ing palabuhan Phaleron. Wontên ingriku pangagêng ingkang sami mêthuk kathah sangêt.

Kasangsaran anggêgana. Kala tanggal 10 wulan punika wontên motor mabur gadhahanipun paguyuban Belgi Sabena, ingkang nuju anggêgana saking Brussel dhatêng Londen, dhawah wontên sacêlakipun Tatsfield. Motor mabur rêmuk babar pisan. Punggawa tiga tuwin tiyang numpak sanga, tiwas sadaya.

ASIA.

Ministêr-ministêr enggal. Centraal politieke raad ingkang dipun pangarsani dening Chiang Kai Shek, nêtêpakên ministêr-ministêr enggal: Chiang Tso Pin, minister salêbêting praja; Chang Chun, minister babagan sajawining praja; Ku Meng Yu, minister Verkeer; Wu Ting Chang, minister Industrie; Chang Kung Chuan, minister sêpur; Ho Ying Chin, minister paprangan; Chen Phao Kuan, minister marine; Wang Shi Chin; minister pangajaran; Kung Hsiang His minister babagan arta.

--- 1595 ---

Wêwaosan

Wangsulipun Tarsan.

Piridan saking buku karanganipun Tuwan Edgar Rice Burroughs.

61

Salêbêtipun Tarsan, Nonah Jinê tuwin para têtiyang Wasiri, dumugi ing gubugipun Tarsan, saha sampun apêpanggihan kalihan Propesor Portêr, Litnan Dharno sakancanipun, punapa malih sampun sawatawis dangu anggènipun sami arêrêmbagan, nanging Tarsan mêksa dèrèng sumêrêp utawi dèrèng pinanggih kalihan Lod Tènington tuwin Turan alias Rokop. Jalaran tiyang kêkalih wau, kesahipun wiwit enjing, inggih punika: ambêbêdhag ngupados buron wana, lan ngantos dumuginipun ing wêkdal wau dèrèng sami wangsul.

Ing kala punika Nonah Jinê cariyos dhatêng Tarsan makatên: Wah, gèk badhe kados punapa kemawon kagèt sarta gumunipun tiyang ingkang miturut pangandika panjênêngan naminipun ingkang lugu: Rokop, saupami lajêng anyumêrêpi, bilih panjênêngan wontên ing ngriki.

Tarsan amangsuli: Kagèt lan gumuning atine mau, kiraku mêsthi ora suwe manèh. anggènipun Tarsan wicantên makatên punika kanthi grêgêt-grêgêt, ingkang kêdaling lesanipun ngantos andadosakên ajrih lan kuwatosing manahipun Nonah Jinê. Punapa malih sarêng Nonah Jinê angawasakên mripatipun Tarsan katingal gilar-gilar andik angêmu êrah, lajêng nêtêpakên kayakinaning manahipun, têtela saèstu anguwatosakên. Amila Nonah Jinê kalihan ngatos-atos enggal-enggal nyandhak baunipun Tarsan, kanthi têmbungipun ingkang manis amranani murih sampun ngantos kalajêng-lajêng nêpsunipun dhatêng Turan, lan panêdhanipun Nonah Jinê kanthi angarih-arih bab anggènipun badhe anandangi Turan langkung prayogi kapasrahna kemawon dhatêng pangadilan Prancis.

Mênggah têmbungipun Nonah Jinê makatên: Ing salêbêtipun kula sadaya sami manggèn wontên ing wana grêng, ingkang tanpa wôntên pangadilan, botên wontên pranatan, punika saupami wontên tiyang dosa agêng, punapa malih ingkang cêtha dosanipun wau dhatêng panjênêngan, panjênêngan saèstu kagungan wêwênang murba masesa dhatêng dêdosan wau, miturut sakrêsa panjênêngan piyambak, ingkang sarana kêkiyatan panjênêngan. Nanging samangke punika, panjênêngan rak priksa piyambak, ta, bilih kula sadaya kalêrês kêmpal kalihan para têtiyang sawatawis ingkang sampun sami luhur bêbudènipun. Punapa malih salêbêting golongan kula sadaya punika wontên wêwakiling paprintahan Prancis. Manawi wêwênang panjênêngan murba masesa dhatêng dêdosan wau, badhe panjênêngan tindakakên kadosdene sacaranipun wontên ing wana, ingkang tanpa pangadilan wau, botên kenging botên panjênêngan têmtu lajêng badhe kenging wèting praja Prancis, inggih punika panjênêngan dipun samèkakên kalihan tiyang ingkang kêdosan jalaran amêjahi sasamining manusa. Awit saking dayaning wèt Prancis wau, sanadyan mitra panjênêngan têmtu kapêksa ambiyantu kêdah tumut anyêpêng panjênêngan. O, Tarsan pêpundhèn kula, dene manawi panjênêngan ngeman dhatêng pêjah kula, krêsa botên krêsa panjênêngan kêdah andhahar dhatêng atur kula ingkang murih wilujênging sadayanipun, awit saupami panjênêngan botên krêsa andhahar atur kula, lan kêdêrêng nêdya matrapakên paukuman dhatêng dêdosan wau kados pangunêg-unêging panggalih panjênêngan, botên wande panjênêngan badhe tampi paukuman ingkang langkung awrat, ingkang anjalari kula badhe kecalan panjênêngan malih. Manawi ngantos kalampahan makatên, kula aluwung pêjah sapunika kemawon. Jalaran saking punika panyuwun kula dhatêng panjênêngan kalayan sangêt-sangêt, samangke langkung prayogi supados pun Turan lajêng kapasrahna kemawon dhatêng Kaptin Dhupran murih dhawahing paukumanipun katindakakên piyambak dhatêng pamarentah Prancis. Sajatosipun tumrapipun kula kalihan panjênêngan, Turan punika satunggiling tiyang ingkang tanpa aji babar pisan, dados saupami panjênêngan amêjahi piyambakipun punika lajêng têtêp nama asor lan nistha. Kajawi punika panjênêngan kalihan kula punapa botên ngeman dhatêng kabêgjan tuwin kamulyan ingkang agêngipun samantên punika.

Sarêng Tarsan mirêng rêmbagipun Nonah Jinê ingkang makatên wau, dipun manah-manah têka kathah lêrêsipun, amila sanalika wau Tarsan kenging dipun wastani luluh pikiranipun, satêmah lajêng aprajanji kalihan Nonah Jinê badhe aminangkani punapa sapamrayoginipun wau. Sarêng kintên-kintên [kintê...]

--- 1596 ---

[...n-kintên] antawis satêngah jam dangunipun, Rokop lan Lod Tènington katingal mêdal saking wana, lampahipun jèjèr asêsarêngan. Dene ingkang sumêrêp rumiyin, bilih ing sangajênging gubug ngriku wontên tamu bôngsa mônca pintên-pintên, punika Lod Tènington. Mênggah para tamu bôngsa mônca ingkang dipun sumêrêpi dening Lod Tènington wau, inggih punika: para prajurit bôngsa têtiyang cêmêng, ingkang ing kala punika sawêg kêkêmpalan kalihan para matrusing baita kapal pêrang. Kajawi punika wontên malih katingal satunggiling tiyang jalêr agêng inggil ingkang pakulitanipun sêmu abrit, sawêg awawan sabda kalihan Litnan Dharno tuwin Kaptin Dhupran.

Sêmu ngêgèt Lod Tenington pitakèn dhatêng Rokop makatên: Lo, lah punika sintên. Mirêng pitakènipun Lod Tènington ingkang sajak gita wau, Rokop enggal-enggal andêngèngèk angawasakên dhatêng têtiyang ingkang dipun pitakèkakên punika. Kados punapa kagèt lan naratabing manahipun Rokop sarêng aningali tiyang ingkang gagah prakosa wau, têrang bilih tiyang punika botên sanès inggih Sang Tarsan. Amila sanalika punika Rokop lajêng mundur sajangkah, sarta pasêmonipun lajêng katingal pucêt, bêbasan abang dluwang saking mirising manahipun.

Salêbêtipun mundur wau, Rokop kalihan anjêngèk: Hit ladalah. Ing salajêngipun Lod Tènington dèrèng ngantos mangrêtos punapa ingkang dipun pikajêngakên pun Rokop, nanging Rokop ujug-ujug lajêng nyandhak sanjatanipun ingkang sampun mêtêng, dipun pasang wontên ing baunipun têngên, kaêlèsakên dhatêng dhadhanipun Tarsan saha lajêng katarik pêlatukanipun. Nanging ing sarèhning Lod Tènington ngadêgipun cakêt sangêt kalihan Rokop, dèrèng ngantos sanjata wau kalampahan mungêl, katungka lajêng kenging dipun tampèl dening Lod Tènington ingkang anjalari onyaning lupipun sanjata. Ingkang punika sarêng sanjata mungêl, mimisipun ingkang badhe ngèngingi dhadhanipun Tarsan, ing wusana kabur wontên sanginggilipun Tarsan, sarta botên êngèngingi punapa-punapa.

Dèrèng ngantos Rokop sagêd ngaping kalihi anggèning nyanjata, Tarsan ingkang dipun êlès botên kasumêrêpan, saking prigêl lan rikatipun, ujug-ujug sampun cêlak sangêt kalihan Rokop, lan sanalika ngriku sampun sagêd angrêbat sanjata ingkang dipun cêpêngi ing Rokop wau. Kaptin Dhupran, Litnan Dharno, punapadene para matrus cacah kalih wêlas, mirêng wontên suwaraning sanjata, lajêng enggal-enggal gumrubyug sêsarêngan amurugi dhatêng panggenan dununging ungêlipun sanjata wau. Sarêng têtiyang wau sampun sami dhatêng ing ngriku, tanpa mawi cariyos punapa-punapa, Tarsan lajêng amasrahakên Rokop dhatêng têtiyang wakilipun pamarentah Prancis wau. Ing sadèrèngipun Rokop dhatêng ing ngriku, sajatosipun Tarsan sampun angandharakên sadaya kawontênan utawi prakawis sêsangkutanipun kalihan Rokop dhatêng kaptining kapal pêrang wau. Dene ingkang dados wosing dosanipun Rokop ingkang agêng botên ngêmungakên anggèning lampah cidra badhe amêmêjahi, nanging ingkang langkung wigatos, anggènipun dados juru sandi-(sêpiyun)nipun nagari mônca, ingkang badhe amitunani agêng dhatêng Prancis. Amila sami sanalika punika ugi, komêndhaning kapal pêrang, inggih punika Kaptin Dhupran, lajêng aparing parentah dhatêng para matrusipun, supados lajêng ambalênggu pun Rokop, sarta salajêngipun tumuntên kabêkta aminggah dhatêng kapal pêrang, kaprênahna ing panggenan ingkang kasadhiyakakên kangge anahan tiyang dêdosan. Punapa malih supados kajagia ingkang santosa.

Nanging ing sadèrèngipun para matrus ambêkta Rokop dhatêng baita sêkoci, ingkang kangge nginggahakên dhatêng kapal pêrang, Tarsan anggadhahi panuwun dhatêng Kaptin Dhupran, dipun parêngna anggaledhah piyambak dhatêng badanipun Rokop. Panuwunipun Tarsan ingkang makatên punika ugi dipun idini dening Kaptin Dhupran, saha sarêng kalampahan dipun galedhah sagêd pinanggih sêrat-sêrat dhokimèn ingkang dipun colong dening Rokop saking kanthonganing jasipun Tarsan, nalika taksih sami wontên ing baita.

Nalika kamirêngan wontên suwaraning sanjata ingkang mungêl sapisan kasêbut ing ngajêng, ugi anjalari Nonah Jinê lan sanès-sanèsipun, ingkang ing kala samantên wontên ing salêbêting gubug, satêmah lajêng sami mêdal saha inggih lajêng tumut amurugi dhatêng panggenan ungêling sanjata wau.

Kacariyos sarêng bab prakawis wau sampun rampung-rampungan, Nonah Jinê lajêng ngaturakên pambage wilujêng dhatêng Lod Tènington. Dene Sang Lod sanalika ngriku raosing manahipun kados tiyang supêna, awit babar pisan botên anggadhahi pangintên, bilih Nonah Jinê taksih pinanggih wilujêng sagêd wangsul mriku malih. Badhe kasambêtan.

Isinipun: Trowongan - Kautaman - Bôngsa Batak - Pasulayanipun Itali kalihan Ngabêsi - Adpêrtènsi - Amatêsi Lêbêtipun Ban Motor sarta Gêndhis Batu - Kabar warni-warni - Wêwaosan.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]