Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04, #1666

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1937, #1666
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1496.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1497.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1498.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1499.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1500.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1501.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1502.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1503.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1504.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1505.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1506.

Ôngka 27, Stu Pn, 22 Sura Ehe 1868, 3 April 1937, Taun XII

Kajawèn

[Iklan]

--- [401] ---

Ôngka 27, Stu Pn, 22 Sura Ehe 1868, 3 April 1937, Taun XII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining Kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Bab Warisanipun Tiyang Jawi - Loterij - Tinangkil - Têtiyang Dhayak saha Tatacaranipun - Kawontênan ing Sêpanyol - Rawuh Dalêm K.G.P.A.A. Mangkunagara - Panglipur Manah - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Kêndêl

Pêpêthinganing tiyang punika pinanggih wontên ing kêndêl, kosokwangsulipun, tiyang ingkang jirih, punika sampun botên manggih aji babar pisan.

Ingkang nama kêndêl punika upaminipun, dhatêng kêrêngan, dhatêng ulah wicara, dhatêng baya pakèwêd, ngambah dhatêng papan ingkang sêpên, tuwin sanès-sanèsipun. Inggih sawêg durjana kemawon manawi kêndêl, ugi adamêl giris.

Tiyang kêndêl kêrêngan, punika gadhah panganggêp, bilih mêngsahipun namung katingal kados sêmut, tamtu kemawon mêngsahipun kawon prabawa. Kêndêl dhatêng ulah wicara, wicaranipun badhe sagêd ambônda ginêming liyan. Kêndêl dhatêng baya pakèwêd, badhe dipun singkiri ing kasamaran. Kêndêl ngambah dhatêng papan ingkang sêpên, pinanggihipun: jim setan datan purun, panêluhan tan ana wani.

Manawi ngèngêti pigunaning kêndêl, sintêna kemawon tamtu kapengin anglampahi, awit sadaya-sadaya wau sajak sarwa rampung dening tindakipun piyambak. Manawi makatên, sanadyan kabatosan pisan, ugi prêlu sangu kêkêndêlan. Cocogipun ing pasaksèn kawarsita makatên: Wong iku tumêkane ing ngalam donya dhewekan, mula baline iya tanpa rowang.

Manawi ngèngêti warsita ingkang kados makatên punika lajêng ngagêngakên manah, dene tiyang punika pancèn sampun dhêdhasar kêkêndêlan, nyatanipun nalika dhatêng inggih tanpa kônca, pancènipun manawi wangsul inggih kantun ngijlig kemawon.

Nanging mangke rumiyin, sampun lajêng enggal-enggal badhe kondur, kêdah dipun ungsêt rumiyin, ingatasing kêkêndêlan bab punika ragi ngosokwangsul, pundi ingkang katingal kêndêl, inggih malah jirih, awit kêkêndêlanipun wau sajatosipun tansah mawa rowang, kados ta anak bojo dados rowang, dalah bôndha pisan inggih dados rowang, tandhanipun tiyang ingkang tinêngga ing bôndha lajêng rumaos byar padhang, tuwin kêndêlipun inggih sampun kenging dipun tohi, sanadyan ngudia kasampurnan pisan inggih sagêd bablas (panganggêpipun), nanging sarêng koncatan bôndha lajêng jirih, pêtêngipun pêt-pêtan. Dados manawi makatên rak cêtha, pun rowang tansah kêcangking, botên cocog kalihan kajêngipun tanpa rowang.

Punika namung sagêgujêngan.

Cêkruktruna.

--- 402 ---

Bab Babagan Kukum

Bab Warisanipun Tiyang Jawi

Sambêtipun Kajawèn nomêr 26

Wontên malih bedaning pranataning ukum pêkih bab punika (bab: Na) kalihan ngadat tatacara Jawi ingkang pêrlu kula aturakên.

Yèn wontên tiyang pêjah, atilar anak lan putu saking anak ingkang ngrumiyini pêjah, punika miturut ukum pêkih putu wau botên kapetang waris (kajawi yèn sagêd jumênêng ngasabah, upami: anakipun èstri sadaya, môngka putu wau jalêr saking anak jalêr).

Nanging yèn miturut ngadat tatacara Jawi pun putu wau anggêntosi anak ingkang ngrumiyini pêjah, liripun: anampèni bageaning bapa utawi biyungipun, botên praduli anak ingkang ngrumiyini pêjah wau jalêr punapa èstri.

Upami: A pêjah tilar anak 3 lan putu 5 saking anak satunggal ingkang ngrumiyini pêjah.

Yèn makatên punika warisanipun kabage dados 4. Anak 3 ingkang têksih gêsang angsal nyatunggal bagean, dene putu 5 angsal satunggal bagean minôngka sulihipun anak satunggal ingkang ngrumiyini pêjah.

Kados anggèn kula ngaturi conto-conto tumraping bab: Na, inggih cêkap samantên kemawon.

Ca: Ingkang kapetang barang warisan punika barang ingkang kadospundi.

Miturut pranataning ukum pêkih ingkang kapetang barang warisan punika ingkang têksih dados gadhahanipun ingkang pêjah ing rikala sangating pêjahipun. Sadaya barang ingkang sampun kasukakakên ing anak punika botên kapetang warisan. Nyênyukani makatên punika kawastanan hibah.

Miturut tatacara Jawi sampun kalimrah anak punika yèn sampun semah, lajêng dipun griyakakên piyambak, dipun sukani griya tuwin pêkarangan, tur kadhang dipun sukani sabin pisan, tiyang ing dhusun anggènipun mastani: dipun pisah, utawi dipun pêncarakên.

Nyênyukani dhatêng anak makatên punika panganggêpipun tiyang Jawi sampun kapetang mandum warisan, pramila ugi sok winastan: maris, utawi marisakên. Sarta ugi kalimrah: yèn anak ingkang sêpuh-sêpuh sampun sami dipun sêsukani griya tuwin pakarangan piyambak-piyambak, griya tuwin pakarangan ingkang dipun ênggèni tiyang sêpuh punika botên susah mawi dipun têrangakên, sintên-sintên sampun sami mangrêtos: ingkang badhe anggadhahi pun ragil, utawi anak ingkang ênèm-ênèm ingkang dèrèng dipun griyakakên piyambak. Anak ingkang sêpuh-sêpuh sampun botên kenging ngucik. Makatên kawontênanipun ing Tlacap, ing Banyumas, ing Kudus.

Nanging yèn miturut ukum pêkih: griya tuwin pakarangan ingkang têksih dipun ênggèni punika ingkang dados warisan, ingkang sampun dipun sukakakên kala têksih gêsang punika nama sampun kahibahakên, [ka...]

--- 403 ---

[...hibahakên,] botên kenging kaucik dhatêng anak ingkang dèrèng angsal pawèwèh.

[Iklan]

Wau kula sampun matur: yèn miturut panganggêpipun tiyang Jawi: ingkang dipun sukakakên dhatêng anak ingkang kapêncarakên punika minôngka bageanipun, kawastanan: sampun kawarisakên. Wondene ingkang têksih dipun kuwasani tiyang sêpuh piyambak punika minôngka badhe bageanipun ragil, utawi anak-anak ingkang dèrèng dipun sêsukani. Ingkang sampun dipun sêsukani botên kenging alitipun ngraosi, utawi agêngipun angucik. Kajawi yèn ingkang têksih dipun kuwasani punika langkung kathah sangêt, ngantos botên timbang ajinipun kalihan bageanipun ingkang sêpuh-sêpuh.

Yèn makatên, lajêng ingkang dèrèng angsal bagean wau dipun bagei rumiyin ingkang murwat kalihan ingkang sampun katampi dhatêng kakang-kakangipun, tirahanipun kabage radin. Dados ing ngriki cêtha sangêt: pranataning pêkih, bab punika kosokwangsul kalihan ngadat tatacara Jawi.

Mirid saking kawontênan-kawontênan ingkang kula aturakên punika kados wontêning pranatan enggal punika pantês kita tanggapi kalayan bingahing manah. Sabab wiwit tanggal 1 April punika badhenipun sadaya pitakèn-pitakèn ingkang gêgayutan kalihan bab warisan kados ingkang kasêbat ing aksara: Ha, Na, Ca, lan Ra: ing nginggil punika, yèn dados pabên, ingkang wênang mutus pradata landrad, môngka ingkang dados [dado...]

--- [404] ---

[...s]

paugêraning pangadilanipun pradata landrad punika: ngadat lan tatacaranipun tiyang pribumi,§ Tatapraja Indhiya (Indische Staatsregeling) bab 131 (2 b) (6). pramila kenging kaajêng-ajêng putusanipun badhe langkung mathuk lan marêmakên tumraping kita bôngsa Jawi tinimbang putusaning rad agami.

Wusana panuwun kula, yèn wontên ingkang kagungan kupiya bab punika, kaparênga maringi jalèntrèhaning kupiya wau dhatêng kula ingkang pratela, sagêda angindhakakên kupiya kula. Yèn rêdhaksi marêngakên, kangalamatana dhatêng rêdhaksi Kajawèn. Utawi kaêwrata ing Kajawèn.

Wondene yèn rêdhaksi botên marêngakên, kaparênga anêrangakên ngalamat kula ing sangandhaping andharan punika.

Kandhiyur.

[Iklan]

LOTERIJ AGENG

[Grafik]

--- 405 ---

Tinangkil

Bokmanawi ing ngriki wontên ingkang ragi kirang dhamang dhatêng têrangipun têmbung inggil punika, malah sagêd ugi wontên ingkang dèrèng nate mirêng babarpisan, amargi têmbung wau kanggenipun pancèn inggih awis-awis. Mirid gumêlaring kawontênanipun ingkang kula sumêrêpi, ingkang kawastanan tinangkil punika, manawi saandhap sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha ingkang wicaksana miyos dhumatêng ing tratag rambat utawi pagêlaran, sapunika nama bangsal sasana sumewa, ingkang wujudipun kados ingkang kacêtha ing gambar punika, ing nglêbêtipun wontên griya bangsal alit, wangun kampung mawi payon kaca, baturing bangsal wau saking ngandhap dumugi ing jrambah, inggilipun langkung samètêr. Wontên ingkang nyariyosakên bangsal wau kalêbêt bangsal pusaka, bêktan saking kraton Kartasura, ngantos dumugi samangke lastari kagêm palênggahan dalêm ingkang sinuhun manawi lênggah tinangkil.

Ngadat ingkang sampun kalampahan, ugêr sampeyan dalêm miyos tinangkil, tamtu badhe andhawuhakên prakawis ingkang wigatos, kados ta upaminipun: anjumênêngakan kangjêng gusti pangeran adipati anom, kangjêng ratu, pangeran putra, pangeran santana, nêtêpakên pêpatih dalêm, kolonèl komandhaning prajurit dalêm, pangulu dalêm, tuwin sanèsipun ingkang dados kaparênging karsa dalêm. Mila para abdi dalêm jawi lêbêt inggih kadhawuhan sami sowan pêpak, punika ugi kenging kawastanan pasowanan: tinangkil.

[Grafik]

Ingkang sampun kalampahan wongsal-wangsul, punapa sampun dados tata ngadating kraton, punapa kadospundi, kula dèrèng mangrêtos: inggih punika bilih ingkang sinuhun lênggah tinangkil, punika manawi sampun andhawuhakên punapa ingkang dados kaparênging karsa dalêm, sasampuning kèndêl sawatawis saha sampun badhe jêngkar, tamtu mawi andangu rumiyin dhumatêng pêpatih dalêm makatên: iki môngsa pira. Kali-kali kapriye, bocah tani lagi apa. Sasampunipun pêpatih dalêm munjuk ngaturi katrangan sacêkapipun, sampeyan dalêm ingkang sinuhun lajêng jêngkar kondur angadhaton. Para ingkang sami sumewa ugi lajêng bibaran asowang-sowangan. Makatên katranganipun ingkang nama tinangkil miturut gumêlaring kawontênanipun. Upami wontên pitakenan: tinangkil iku bedane karo sinewaka, kapriye. Jawabipun kula sumanggakakên para maos.

Pun Rêja.

--- 406 ---

Tanah dalah Tiyangipun

Bôngsa Dhayak saha Tatacaranipun.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 26

Sasampunipun arta patumbasan kabayarakên, lare lajêng kadhaupakên. Para sanak kadang, pangagêng kampung, saha badhe pangantèn jalêr èstri sami kêmpal, prêlu nêksèni dhauping pangantèn. Karamean dipun bikak dening têtiyang jalêr sakawan saha tiyang èstri sakawan ingkang sêpuh piyambak. Dene caranipun ambikak karamean makatên:

Tiyang jalêr sakawan wau ngadêg, nyêlupakên lading wontên ing kobokan ing sirah maesa, ingkang dipun sadhiyakakên ing ngriku, saha nglèlètakên rah wau dhatêng bathuk, gulu, pundhak, tuwin wêtêngipun pangantèn.

Sasampunipun makatên, têtiyang jalêr wau linggih, saha têtiyang èstri sakawan ingkang kasêbut ing nginggil, sami ngadêg, ugi nindakakên kados ingkang sampun dipun êcakakên dening tiyang jalêr sakawan wau. Dangunipun karamean ngantos pintên-pintên dintên.

Kasiyatipun pêksi.

Wiwit jaman kina makina pêksi punika dipun angge têngêring bêgja utawi cilaka. Dene pêksi ingkang gadhah kasiyat kados makatên punika wolu cacahipun. Ingkang agêng piyambak dayanipun inggih punika pêksi andang, warninipun kadosdene alap-alap.

Miturut kapitadosanipun têtiyang ngriku, pêksi andang punika sajatosipun tiyang ingkang anglangkungi kasêktènipun, sanès pêksi, manggèn wontên ing langit. Manawi andang wau tumurun ing ngarcapada, lajêng dados pêksi.

Manawi têtiyang Dhayak badhe bidhal pêrang, babad wana, kêkesahan, saha sasaminipun, mêsthi ngêntosi sasmitaning pêksi andang. Anggènipun andhatêngakên pêksi wau sarana angêpyurakên sêkul aking kaping 14. Manawi pêksi andang dhatêng, punika pratôndha bilih wancinipun sae. Saupami pêksi andang botên katingal babar pisan, punika têgêsipun: wanci botên sae.

Manawi tiyang Dhayak sawêg kêkesahan saha ing margi sumêrêp pêksi andang ingkang maburipun wontên ing sakiwaning margi, piyambakipun lajêng angatos-atos. Bilih pêksi wau mabur ing satêngêning margi, punika sae. Saupami ingkang kêkesahan malampah mangilèn saha pêksi mabur mangetan, [mange...]

--- 407 ---

[...tan,] punika têgêsipun kathah sambekala. Anggènipun badhe kêkesahan lajêng dipun sandèkakên.

Tatacara kados ing nginggil, bôngsa Jawi ugi gadhah. Kados ta:

Ha. Manawi wanci dalu wontên pêksi kolik saha tuhu sami sauran, punika têgêsipun badhe wontên pandung.

Na. Ungêling pêksi gagak punika ambêkta ngalamat awon.

Ca. Sintên ingkang dipun dhatêngi pêksi prênjak punika lajêng ngajêng-ajêng tamu.

Dêdongengan Kancil saha sanès-sanèsipun

Manawi kula botên lêpat, Kancil punika ing dêdongengan pundi-pundi kasuwur kathah akalipun. Ingkang gadhah dêdongengan Kancil punika kados pintên bôngsa, dalasan tiyang Dhayak ugi gadhah. Sumôngga kula aturi tuladha sawatawis. Têtiyang Dhayak punika anggènipun mastani Kancil: pêlandhuk.

Kancil dados ratu.

Ing satunggiling dintên singa barong angundhang-undhangakên dhatêng para sato kewan ing wana makatên: E, para sato kewan kabèh, rèhning ingsun kang dadi narendra ing alas kene, dadi sira kabèh kudu ngabêkti marang ingsun. Sabên dina sira kudu caos bulubêkti marang ingsun. Sing sapa ora miturut marang parentah ingsun, bakal dakgawe karang abang.

[Iklan]

Sadaya sato kewan rumaos kèwêdan, badhe miturut rêkaos, badhe ambalela ajrih. Pramila para sato kewan sami ngawontênakên parêpatan. Pun Kancil piniji anêlukakên singa. Kancil sagah saha nêdha wulu landhak satunggal, lajêng kasukakakên dhatêng playangan, kapurih ngaturakên dhatêng sang narendra. Wuluning landhak wau dipun kanthèni sêrat panantang: ingkang suraosipun kados makatên: singa barong kêparat, apa sira ora kulak warta adol prungu, yèn ingsun sajatine jumênêng nata ing alas kene. Ingsun ora trima dene sira wani angaku-aku dadi nata, anggonira kumaki arêp ingsun ilangi. Sira bakal ingsun lunasi, lah kiye (wuluning landhak) wuluningsun, ingsun paringake minôngka panantang. Badhe kasambêtan.

Suyana - Adinata.

--- 408 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Sêpanyol.

Dumuginipun sapunika wontênipun paprangan ing Sêpanyol taksih rame, nanging ugi wontên sêmunipun raos kêsayahan, namung sarèhning ingkang sami campuh wau tansah santun-sumantun daya, têgêsipun tansah ngangge kêkiyatan enggal, sayah wau namung pinanggih wontên ing pangraos. Tumrap titikan ingkang pinanggih ing kawontênan, kathah papan-papan panggenan ingkang ing ngajêng dipun jagi kanthi kasantosan, ing sapunika sampun katingal sêpên nyênyêt, katingal kados botên wontên kumaranipun. Makatên ugi inggih wiwit wontên raos ingkang angêndhoni, inggih punika tumraping bêbantu bôngsa Aprikah ngrumaosi bilih anggèning biyantu pêrang punika nama nyêkapakên kabêtahaning liyan.

Manawi ngèngêti karisakaning paprangan, punika pinanggihipun namung nuwuhakên wawasan ingkang botên damêl sakecaning manah. Nanging manawi ngèngêti bilih panguwaos punika sarananipun kêdah saking kamurkan, tindak rêrêmpon punika sampun lêrês sadaya, makatên ugi ingkang sami angêmori damêl, inggih sami botên lêpat.

Kados ta ing bab tindakipun Itali tuwin Jêrman anggènipun angêmori damêl, punika mênggahing pamawas, tamtunipun mawa kajêng badhe tumut nêmpil panguwaos, tuwin ingkang dipun têmpil wau panguwaosipun kabangsan, mila adêging pabarisan kabangsan lajêng pinanggih saya santosa. Manawi mirid nalaripun, ingkang sami ambiyantu wau tamtunipun sami ngayom dhatêng panguwaosipun golongan kabangsan, tuwin inggih pancèn nyata pinanggih makatên. Nanging salajêngipun, sarêng campuhipun saya rame, Itali tuwin Jêrman wau kadosdene angganing bubuk angsal êlèng, lajêng tumindak piyambak nilar pangrèhipun golongan kabangsan, ngrumaosi kados nindakakên kabêtahanipun piyambak.

Nanging manawi mirid kawigatosanipun Itali tuwin Jêrman wau, pancèn nyata bilih anggèning ngêmbuli pêrang punika ugi mêngku kasujanan piyambak, awit saupami wadya parentah ingkang kêmoran wadya abrit wau unggul, dayanipun tamtu inggih badhe mrèmèn dhatêng sanès panggenan, saha adhakanipun tumular dhatêng nagarinipun piyambak-piyambak. Dados anggèning angêmori damêl wau, sajatosipun ambiyantu nyirêp urubing latu, sampun ngantos tumut kêrèmbèt. Tuwin malih ingatasing kaprawiranipun ing paprangan, ItatiItali. tuwin Jêrman pancèn kenging kangge tondhetôndha. yêktos, tumrap Itali pancèn sawêg birai ulah pêrang, mêntas unggul wontên ing Ngabêsi. Inggih anggèning mêntas unggul ing pêrang punika ingkang adamêl jalaran muntabing kapurunanipun, ngrumaosi mêntas manggih lêlampahan ingkang nyata dados pandadaraning prajurit.

Dene sêsulaking asor unggul, unggulipun kapara pinanggih wontên ing golongan kabangsan, sawêg mirid kawontênaning laladan ingkang gadhah panguwaosing [panguwa...]

--- [409] ---

[...osing] golongan kabangsan sampun wontên kalih pratigan, punika sampun kenging kangge titikan badhe pinanggih ing unggulipun golongan kabangsan. Nanging manawi ngèngêti wulêtipun Madrid, pancèn inggih mêgah-mêgahakên, têka beda têmên kalihan nagari sanès-sanèsipun, sabên dipun têmpuh lajêng bêdhah.

[Iklan]

Mênggah nyatanipun, anggèning Madrid taksih wulêt punika, jalaran têtiyangipun sami kêkah ing manah, botên badhe nungkul kalihan sintêna kemawon, beda kalihan kitha-kitha sanès, gampil dipun dhêsêk ing mêngsah, nanging mênggah sababipun, saking têtiyangipun ing sanès-sanès panggenan wau sabên dipun têmpuh ing wadya kabangsan lajêng ambalik tumut anggolong, beda kalihan Madrid, taksih kêncêng tanpa ewah. Prasêtyanipun wadya parentah, aluwung sirna tinimbang nungkul dhatêng mêngsah. Makatên malih saupami Madrid badhe bêdhah, niyatipun badhe dipun sirnakakên rumiyin, dados sanadyan dhawaha ing tanganing golongan kabangsan, sasampuna dados karang abang rumiyin.

Ing sapunika tumrap pamawasipun Inggris dhatêng tindakipun Itali tuwin Jêrman wau, awit tumrapipun Inggris ugi nyamarakên dhatêng laladan ing Lautan Têngah, botên sande manawi golongan kabangsan unggul, badhe adamêl ribêding lampah layaran, mila tumrapipun Inggris tansah ngulat-ulatakên. Nanging tumraping golongan kabangsan gêntos nyujanakakên dhatêng Inggris, samôngsa wontên kapal Inggris dipun sapa, kêdah lajêng mangsuli, tuwin samôngsa wontên kapal Inggris pinanggih ambêkta dêdamêl badhe kalêbêtakên dhatêng Bilbao, lajêng badhe dipun bêskup. Sadaya wau sami dados sêsulak sambêting pasulayan.

--- 410 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Pêpandhingan Papan

V

Garèng : Ambanjurake rêmbuge lagi anu, Truk, tak pikir-pikir kowe kuwi nèk ngomong sok ora mèmpêr. Nyaritakake anggone manggon ana ing kampung priyayi, jarene sênêng bangêt, lan bêtah bangêt, jalaran sêsrawungane karo tôngga têparone: rukun, guyub, nyênêngake, kayadene karo sêdulure dhewe. Nanging pungkasane kathik nganggo dièmbèl-èmbèli: saka guyub lan rukune mau, nganti ora ngobêrake uwong, lan ora kêna ana apa-apa sêthithik, banjur kanggo cêcaturan. Yak, kowe kuwi ora liya rak mung saka dhêmêne ngala-ala bae.

Petruk : Sing takarani ora ngobêrake uwong, kuwi mangkene upamane: sore-sore kene lagi nglêmbur nyambut gawe, dumadakan tanggane: kulanuwun, sarta banjur mlêbu ngomah. Wêruh kene lagi nyambut gawe kuwi, mêntala-mêntalane pitakon: sawêg nyambut damêl, mas. Tur kene iya wis mangsuli: inggih, malah benjing-enjing kêdah rampung punika. Wèh, inggih repot manawi makatên, môngga, èh, ngandikan-ngandikan sakêdhap. Kenene wong iya Jawa, mêsthine kene iya kapêksa banjur kudu nuruti. Nèk ora, mêngko rak diarani: wong Jawa kakehan roti mêrtega. Mara, apa ngobêrake uwong kuwi jênêngane.

Garèng : Mula iya sok ana sing ora duwe koma-koma, mêdhayoh nyang omahe uwong tanpa ngèlingi pasa, malah wêruh tuwan rumah lagi ribut, iya mêksa mêntala ngrusuhi. Ewasamono, Truk, adat tatacara Jawa, sing anêmtokake: tamu kudu ditômpa kanthi sumèh, kanthi gêmrapyak, lan sapadhane, ora kêna disalahake, Truk. Sabab, sapa sing wêruh, anggone mara dhayoh dudu wancine mau, jalarane rupa-rupa, kaya ta: saka trêsnane nyang tuwan rumah, nganti kêpengin arêp kêtêmu bae. Mara, apa tuwan rumah ora wajib malês katrêsnane iki, mulane panampane iya kudu kanthi bêcik-bêcik. Utawa: saka bunêking atine ana ing ngomah, êmbuh saka kakehan utang, êmbuh bojone tungkul prêngat-prêngut bae, êmbuh kêpriye, sabanjure mara tamu golèk lêlipur ati. Apa tuwan rumah ora wajib nômpa kanthi sênênging ati.

Petruk : Aku ora nacad adat tatacarane Jawa sing kaya ngono kuwi, mung bae si tamu ambok iya rada koma-koma sêsithik. Kaya ta jam têlu awan, kuwi nèk cara pyayi jarene masane wong ngêluk lambung, hla, kok: kulanuwun, mara tamu, hara, apa ora marakake sêpêt. Ewadene iki ora prêlu digagas dawa-dawa. Saiki anggone sok dhêmên nyatur. Mara, pikirên, wong aku ngurmati uwong liwat bae, iya wis dicrita tôngga têparo, [tê...]

--- 411 ---

[...paro,] turne anggonku urmat mung lumrah bae, mangkene: dhah, babu, dhah, dhah...

Garèng : Wah, wong sêmbrana, kuwi jênêngane rak priyayi dêlap. Lan urmate kuwi dudu urmat lumrah, nanging urmat ngajak ora agama. Mulane iya mèmpêr yèn banjur dicatur ing tôngga têparo.

[Grafik]

Petruk : Lo, kuwi aku mung arêp anêrangake bedane têtanggan Walônda, sanadyan Lônda pranakan, karo têtanggan bangsane dhewe. Nèk têtanggan Walônda, aja manèh sing mung kaya ngono bae, sanadyana dudu akrabe kalakon ana ing dalan: crab crub, sing nganti klêpoh kae, tanggane wêruh, iya ora ambil kêpala pusing. Kajaba bab-bab sing kaya ngono kuwi mau, kêna takunèkake: manggon ana ing kampung priyayi, aku rumasa sênêng, bêtah lan krasan bangêt. Sabab saora-orane omah-omahe ing kono wong apik-apik, kathik dalane aspalan, mulane ing kono iya ora tau sêpi... pulisi. Hla, mêsthi ta, yèn atine têntrêm ayêm.

Garèng : Haiya, ingatase ana ing kono wis kêpenak, wis ayêm atine, ana kok banjur ngalih manèh...

Petruk : Sabab-sababe aku ngalih manèh, ora prêlu takkandhakake, Kang Garèng, nanging saka kono aku banjur ngalih nyang kampung Lônda totok. Ing kono ora jênêng: gang, utawa: lan, nanging: wèh, têgêse: dalan gêdhe. Kampung kono kuwi, ana ing Batawi kene, kalêbu kampung: indhê klas.

Garèng : Wayah, ambok iya kampung klas siji, kathik dicara Landakake barang. Ana ing kono kowe têmtune rada rumasa tuwan bêsar sêthithik.

Petruk : Wiwitane mula iya mêngkono, Kang Garèng, awit sêsawangan kiwa têngêne mula iya nyênêngake bangêt, omahe asri-asri lan ambalêngkênêk-ambalêngkênêk, dalane mêling-mêling, nganti kaya pilus, pilus, pipi alus diêlus-êlus.

Garèng : Wayah, iya ora jangji yèn banjur kanggo sênggakan mêngkono. Ora, Truk, kowe mau têka kôndha wiwitane mêngkono, apa suwe-suwene banjur salin salaga.

Petruk : Iya, Kang Garèng. Wiwitane aku mula duwe rumasa gagah kaya: ndara tuwan Lônda gêdhi. Nanging suwe-suwe aku rumasa gagah kaya... slilit.

Garèng : Wèh, hla cotho pikiranaku, Truk, ana sakawit pikirane kaya: ndara tuwan Lônda gêdhi, suwe-suwe têka kaya barang ngrisèni mêngkono.

--- 412 ---

Petruk : Lo, kuwi mangkene, Kang Garèng. Nalikane sêdina rong dina, aku durung pati migatèkake kaanane kiwa têngêne omahku. Mulane rumasaku mung kêbak gagah bae. Yèn mulih saka lêlungan, nunggan taksih utawa dhilman, kuwi sang supir utawa si kusir, mêsthi ngajèni bangêt nyang aku utawa Makne Kamprèt, anggone: yah tuwan, yah nyonyah, kuwi iya andharindhil tanpa ana pêdhote, sabab omahe wong andhandhing kathik kinubêng ing omah Lônda gêdhi-gêdhi. Andêlêng kaanane dalan ing ngarêp omah bae, rasaning atine iya wis mantêp bangêt, sabab anêksèni anggone dalan ing kono dijaga lan diupakara bangêt. Dalane ibarate bênjut sêthithik bae, ora watara suwe kuli gumintê iya banjur: grudug, padha têka, prêlu: amopoki, amupuri, amêdhaki, ora lunga-lunga yèn durung bali mêling-mêling kaya maune. Ana bakul, apa manèh dhokar, wani-wani mandhêg ing pinggir dalan sadhela bae, iya banjur: kêthangklung, kêthangklung, ana agèn pulisi têka karo andhawuhake: pigi, pigi, monyèt. Sabab kuwatir, mêngko dalane: kotor, sèh. Karo goyang-goyang lungguh ana ing kursi ngarêpan, aku manthuk-manthuk karo ing batin anggagas mangkene: wèh, kok kêpenak dadi ndara tuwan Lônda gêdhi iki. Omahe brêgas, dalane pradan, kathik jinaga bangêt. Wèh, mula iya mathuk têmênan, paribasan Jawa sing muni mangkene kae: êndhas gundhul dikêpêti.

Garèng : Wèh, aku iya ngandêl, yèn kala samono kowe banjur rumasa mêtontong bangêt. Suwe-suwene banjur kêpriye.

Petruk : Dadi wiwitane aku iya mula rumasa: luhur, mulya, mêthangkring, mêthènthèng, lan êmbuh kêpriye manèh, nanging suwe-suwe kampunge kono tak ênggoni kuwi, rumasaku banjur kayadene: lêmari isi klambi-klambi: kabardhin, palêmbit, lakên, sarta: krèptêsin, sutra-sutra liya-liyane, kêsêlapan... pasatan kurasi.

Garèng : Lo, sing diupamakake kurasi kuwi, ing kono apa iya kowe.

Petruk : Wèyèh, wis cêtha bae kathik nganggo dicêthak-cêthakake manèh. Anggonku rumasa mangkono kuwi mau sababe mangkene: Nèk aku arêp gagah-gagahan, macak nganggo pantalon, wèh, kok ora mèmpêr-mèmpêra karo tôngga-tanggaku, sanadyan bedane mung sêthithik, kana kulite kaya kèju, aku kaya sawo mênilah, kana irunge kaya canthelan topi, duwèkku sunthi, kana mripat kucing, aku mripat dara, kana dêdêg piadêge gêdhe dhuwur kau mêtêku, kene cilik prêkis.

Garèng : Wèyèh, hla kok apik kowe kabèh.

Petruk : Lo, ora mêngkono, Kang Garèng, aku mung arêp ngandhakake, yèn aku macak cara Lônda kuwi ora mèmpêr-mèmpêra karo tôngga-tanggaku. Brêgasku kuwi mung yèn manganggo cara Jawa dêlês, cêkake sajajar karo tôngga-tanggaku, nanging iya... jongose.

--- 413 ---

Panglipur Manah

Umuk-umukan.

Lare tiga: Sarpan, Sarpin, tuwin Sarkum sami lêlênggahan wontên ing sangandhaping wit kalapa. Botên watawis dangu lare tiga wau sami omong-omongan rêbat unggul makatên:

Sarpan: Sabênêre mono aku wajib ngucap sukur marang Pangeran, dene pinaringan mripat awas. Mara, apa ora awas mripatku iki, ingatase wit kalapa iki dhuwur bangêt, saka ngisor kene aku bisa wêruh kanthi cêtha kaanane manggar alum kang mantêlung mangalor kae.

Sarpin: Wah, mripatku luwih cêtha manèh, Pan, sabab aku ora mung wêruh manggar kang kok kandhakake mau, malah aku uga sumurup lalêr wilis kang mencok ana ing kono.

Sarkum: Awasmu durung sêpiraa, Pin, mara, apa kowe wêruh, lagi apa lalêre. Mêsthi ora wêruhe. Nèk aku bisa wêruh cêtha. Yaiku lalêre lagi... ngulapi bloboke.

Wontên ing Pamulangan.

Guru dhatêng murid: E, le, ing jêro sakolahan kene ora panas, topimu bukakên.

Murid: Topi kula botên kula êngge, pak guru.

Guru: Hus, aja ngomong, hla, kuwi apa.

Murid: Wong niki topine bapak.

Pulitik èstri

Sarma: Wah, jêng, tapihmu têka apik têmên. Tukon pira kuwi.

Ingkang èstri: Anggonku tuku têlung rupiyah, mas. Sabên dina dhuwit balônja kuwi tak êlong sakêthip, barêng sêsasi ganêp têlung rupiyah, banjur tak tukokake tapih iki.

Sarma: Mulane sabên dina aku mung olèh... daging kothot bae.

Wangsulan nyênyêngit.

Suratmi nyêpêng gambaripun piyambak, nalika taksih bayi kagendhong ibunipun. Gambar wau katêdahakên dhatêng kancanipun nama Sarintên, kanthi wicantên makatên: Kiyi, lo, kowe nèk arêp wêruh gambarku rongpuluh taun saprene.

Sarintên: Lo, hla kuwi sapa, Mi, bayi sing êmbok êmban kuwi.

Tiyang kêbujêng nêpsu.

[Grafik]

Mas Karta mêntas tumbas sêpatu saking toko, sadumugining griya sarêng dipun cobi malih, sêpatunipun pinanggih sêlèn. Mas Karta nêpsu sangêt, lajêng tilpun dhatêng toko kalihan ambêkta sêpatunipun, têmbungipun: pripun niki, sêpatu sêlèn mang wènèhake uwong. Êngga yèn maido mang tonton sing cêtha.

Kursus basa.

Guru: Mara, bocah-bocah, padha golèka têmbung, kang ngarêpe mathuk saupasaupama. diatêr-atêri: sang, kaya ta: sang prabu, ayo kowe, Min.

Sarimin: Sang aji

Guru: Bênêr. Kowe saiki, Man.

Sariman: Sang putri.

Guru: Iya, iya, ganti Paimin.

Paimin: Sang awak.

Guru: Yak, kok banjur nyara Surabaya. Kowe saiki, Sarkum.

Sarkum: Sang... sang... sang gorèng.

--- 414 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKI

[Grafik]

Pangagêng praja Pakualaman. Ing tanggal 31 Maart kêpêngkêr, Kangjêng Pangeran Arya Prabu Suryodilogo sampun napak astani prajanjian. Tumindakipun wontên ing gupêrnuran Ngayogya, wanci jam 10, dipun jênêngi ing para pangajêng pangrèh praja. K.P.A. Prabu Suryodilogo dipun gêrubyug K.P.A Suryaningprang, bupati pêpatih, bupati ing Adikarta tuwin pangulu Pakualaman. Gupêrnur mêdar sabda, bilih kaparêngipun parentah, Pangeran Arya Suryodilogo katêtêpkên dados pangagênging kulawarga Pakualaman. Gupêrnur lajêng mêdar sabda cêkak ing bab kawigatosaning pêrlu ingkang gêgayutan kalihan sumpah. Lajêng bibaran. Ingkang kacêtha ing gambar, nalika K. P.A. Prabu Suryodilogo rawuh saking nagari Walandi, wontên Tanjungpriok.

Lèpèn ing Bêtawi isi wiji baccil typhus. Miturut papriksanipun Prof. Dinger, sampun nyobi mriksa toya lèpèn ing Bêtawi 20 panggenan, ingriku sami pinanggih isi wiji sêsakit typhus.

Panggêsangan awis ing Jambi. Miturut wartos, wontêning têtumbasan ing Jambi sarwa awis. Arêng sakarung rêgi f 0.90, tigan satunggal 6 sèn, ayam rêgi f 0.90. Blanjaning rencang ngantos f 15.- sawulan. Kuli-kuli ingkang nyambut damêl ing margi f 0.60 sadintên, ewasamantên taksih rêkaos sagêdipun angsal kuli, amargi dados rêbatan mrika-mriki.

Hoofdredacteur Sêdyatama kèndêl. Wontên wartos wiwit tanggal 1 wulan punika, Tuwan A.S. Dwijosaroyo kèndêl saking anggèning dados saroyo Hoofdredacteur Sêdyatama, jalaran botên cocog ing pamanggih directie. Salajêngipun Tuwan A.S. Dwijosaroyo badhe ngêdalakên sêrat kabar basa Jawi. Wêdalipun kaangkah wontên ing tanggal 1 Mei, kasèp-kasèpipun wontên ing tanggal 1 Juli. Sêrat kabar wau badhe ngawontênakên pang ing Bêtawi, Sêmarang, Surakarta, Surabaya, Malang, tuwin Purworêjo.

Kweekschool voor onderwijzeressen ing Surabaya kasuwak. Kawartosakên, pangajênging guru ing pamulangan Zustêr Ursulinen ing Surabaya suka sumêrêp dhatêng para tiyang sêpuhing lare, jalaran saking kawontênan, kweekschool ingkang kasêbut nginggil badhe katutup. Tumrap murid klas satunggal sasagêd-sagêd badhe kadèkèk ing Malang utawi Bandung, tumrap murid klas kalih utawi tiga, badhe kalajêngakên dumugi satamatipun.

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Wetan, R. Iman Kusubagio, Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi Paresidhenan Kêdiri, dados tijd. wd. asistèn wêdana Paresidhenan Kêdiri. R. Charis Bogio, Aib. nindakakên padamêlan ajung jaksa Landraad ing Ngawi, Paresidhenan Madiun dados tijd. wd. adjunct jaksa Landraad ing Ngawi. R. Sugito. Aib. nindakakên padamêlan adjunct jaksa Landraad ing Kêdiri. M. Jumadi Muspan Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi Paresidhenan Surabaya dados tijd. wd. asistèn wêdana Paresidhenan Bojonêgoro R. Subowo, Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi Paresidhenan Bojonêgoro, dados tijd. wd. asistèn wêdana Paresidhenan Bojonêgoro. M. Arwoko, Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi Paresidhenan Malang, dados tijd. wd. asistèn wêdana Paresidhenan Malang. M. Bustamin, mantri Kabupatèn Bangkalan, Paresidhenan Madura, dados tijd. wd. asistèn wêdana Paresidhenan Malang. M. Ryadi Aib. nindakakên padamêlan adjunct jaksa Landraad Tuban, Paresidhenan Bojonêgoro, dados tijd. wd. asistèn wêdana Paresidhenan Bojonêgoro.

K.P.M. ngandhapakên prabeya momotan tumrap Cilacap. Ing Cilacap mêntas kawontênakên parêpataning para ingkang wajib, ngrêmbag ing bab badhe mandhaping prabeya momotan tumrap Cilacap, inggih punika tumrap momotan uwos, amargi ing wêkdal punika ing Banyumas panenanipun pantun pinanggih sae, badhe kathah anggèning ngintunakên dhatêng Borneo tuwin Sumatra. Rêgining uwos nindhak 35 sèn ing dalêm sapikulipun.

Mulang para cotho ing sastra. Awit saking ada-adanipun para putri ing Bêtawi, sampun ngêdêgakên pakêmpalan ingkang sêdyanipun nênuntun supados para cotho ing sastra sami sagêd maos lan nyêrat, kanamakakên pakêmpalan "Pengurus Pemberantasan Buta Huruf". Ingkang ngadani nyonya Thamrin, Gunawan, Suparta tuwin Mr. Maria Ulfah. Pakêmpalan punika sampun nyêbar sêrat ingkang suraosipun supados wontên ingkang ambiyantu dhatêng kamajênganing ada-ada punika. Ing pangangkah sabên kampung wontêna pamulanganipun. Ing sabên murid kawontênakên golongan-golongan piyambak cacah nggangsal wêlas, ing dalêm saminggu angsal wulangan kaping kalih, ing salêbêtipun tiga kawan wulan sampuna sagêd maos tuwin nyêrat. Tumrap tiyang ingkang sagêd maos kenging dados gurunipun, botên pêrlu angsal pangajaran inggil.

--- 415 ---

Goodyear ngintunakên band. Kawartosakên pabrik Goodyear ing Bogor angindhaki pamêdalipun band jawi tumrap auto, tumrap taun 1936 mindhakipun ngantos tikêl kalih. Ing sapunika nyambutdamêlipun rintên dalu. Panyadenipun ingkang langkung kathah dhatêng Afrika Kidul, wiwit wontên kintunan saking tanah ngriki lajêng sagêd ngawonakên kintunan saking tanah ngamanca.

Botên saèstu ngawontênakên arta nyaprapat sèn. Mirit kawontênanipun ing mangsa punika kintên-kintên badhe botên saèstu kawontênakên arta nyaprapat sèn.

Wit ingkang awoh sawêr. Ing sacêlakipun papan anggêgana ing Kalibantèng Sêmarang, wontên satunggaling wit ingkang kêbak sawêr, ngantos botên wontên tiyang ingkang purun nêgor, rekadayanipun wit wau dipun obori saking ngandhap rumiyin, ing ngriku kathah sawêripun ingkang sami pêjah dhawah, salajêngipun sawêg kenging dipun têgor.

Tatanan panyadean sarêm. Miturut wartos, panyadean sarêm ing Pasuruan ingkang rumiyin namung 6 panggenan, sapunika kaindhakan dados 51. Kintên-kintên tumraping sanès panggenan ugi badhe katindakakên makatên. Papan panyadean ingkang sampun , sagêd ugi kaindhakan dados tikêl sadasa. Kajawi punika ugi dipun sade idêran.

Aneta dipun sêrêg. Wontên wartos, pakabaran ing bab sêsakit pest ing Tênggêr tuwuh ing Nangkajajar, punika lêrêsipun ing Ngadiwana. Ing bab punika anjalari damêl kapitunanipun Hotel ing Nangkajajar, ngantos damêl sandening têtiyang ingkang sami badhe dhatêng ngriku. Ing bab punika Aneta dipun têdhani kapitunan.

Dhukun dipun cêpêng. Sampun dangu kawartosakên, ing Klatèn wontên dhukun ngakên nama Dr. R. M. Purwowasono Hartogh Diponêgoro, dipun suyudi ing tiyang kathah, dhukun wau dipun sêbut dhukun gaib. Sampun sawatawis dintên dhukun ingkang saksat dipun anggêp Pangeran wau dipun cêpêng pulisi wontên ing Purworêjo, amargi nêrak kalêpatan.

Krama ing Karaton. Wontên wartos, benjing wulan Ruwah ngajêng punika, awit saking kaparêng dalêm sampeyan dalêm ingkang minulya saha wicaksana putri dalêm B.R.A. Haryopanular, katarimakakên R.M.H. Brotodipura, Bupati Anom Secretaris Sasonowilopo, putranipun suwargi B.K.P.H. Pakuningrat. Namung ringkêsan kemawon.

Jaarmarkt Surabaya darma 25%. Kawartosakên, angsal-angsalaning bêbathèn Jaarmarkt ing Surabaya kala taun 1935 ingkang 25% kadarmakakên dhatêng: Huishoudschool P.B.S., Meisjesschool Aisiah, Wanito Rukun Santosa, Meisjesinternaat, Vrouwentehuis, A.S.I.B., Darmo Usodo, Polikliniek P.K.V.I., Polikliniek Muhammadiyah, P.P.I. babagan pamulangan, Armenzorg tuwin P.P.A.J.

Ing Cibarusa rêsah sangêt. Ing Cibarusa, Bogor, pinanggih sakalangkung rêsah, ngantos botên cêkap dipun jagi ing veldpolitie kemawon, mila lajêng kawontênakên pajagèn militèr, têtindhih upsir. Saradhadhu-saradhadhu wau lajêng damêl palêrêban wontên antawising Cibarusa kalihan Leuwimalang. Wiwit wulan Januari kêpêngkêr, sampun wontên kadurjanan koyok 25 rambahan.

Nêtêpakên liburan ing tanggal 1 Sura. Parentah Kasultanan Ngayogya aparing sêrat dhawuh dhatêng Hoofdbestuur "Persatuan Guru Kasultanan dan Pakualaman" (P.G.K.P.), bilih sawarnining sêkolahan kawula Kasultanan sabên tanggal 1 Sura libur. Katêtêpakên wiwit taun punika. Sêrat dhawuh wau mituruti panyuwunipun Hoofdbestuur pakêmpalan guru.

Lumbung darma. Pakêmpalan Muhammadiyah ing Bangkalan ngêdêgakên lumbung darma, pêrlu kangge nampèni dananipun têtiyang ingkang warni wulu pamêdal.

Nyèlèngi ing Postspaarbank. Parentah sampun marêngakên ing bab indhaking simpênan arta ingkang angsal anakan ngantos f 3000.- Tumindakipun wiwit tanggal 1 Mèi ngajêng punika, anakanipun ing dalêm sataun 2.4%.

EROPA

Lampah anggêgana Moskou-San Francisco. Wontên motor mabur Sovyet 3 ingkang dipun lampahakên dening juru anggêgana Rus ingkang misuwur, bidhal saking Moskou dhatêng Pool lèr, pêrlu kangge nêtêpakên pakèndêlan anggêgana saking Moskou dhatêng San Francisco, ingkang badhe dipun wontênakên dening Ruslan.

Kapal Normandie. Kapal Prancis Normandie ingkang pinanggih agêng piyambak tumrap layaran saking Eropa dhatêng Amerika, sampun malêbêt ing palabuhan Le Havre kanthi ngibarakên pita biru ing sanginggiling tiyang bandera, minangka tandha ingkang unggul piyambak tumrap rikating lampahipun.

Arak-arakan tandha panduwa. Para student ing Joegoslavie ing golongan politiek, sami ngawontênakên arak-arakan wontên ing margi ing Belgrado, wigatosipun sami nglairakên anggèning botên cocog dhatêng Italie. Toko-toko tuwin griya-griya ingkang manjêr bandera Italie ingkang kangge ngurmati ministêr sajawining praja Italie sami dipun balangi sela. Pulisi lajêng ngêmori damêl nyêpêngi têtiyang ingkang sami gadhah tindak makatên punika.

ASIA

Pogokan ing Straits. Ing Straits, tanah Mêlayu, tuwuh pogokan kuli-kuli ing kabudidayan ngantos 44 kabudidayan. Manawi tumraping tumindakipun pamêdal, botên dipun samarakên, dene ingkang dipun kuwatosakên manawi ngantos mrèmèn dhatêng Malaka. Wadya militèr Inggris nindakakên pajagèn jangkêp sadêdamêlipun, salajêngipun badhe nyirêp. Ingkang pinanggih wontên pogokan, ing Batuarang, Sêlangor, Nêgêri Sêmbilan. Malah wontên ingkang ngantos campuh punapa. Nanging salajêngipun sagêd sirêp, para mogok sampun kathah ingkang sami purun nyambut damêl.

Bêbaya kêluwèn ing Tiongkok. Miturut pawartos, wontênipun bêbaya kêluwèn ing provincie Szechuan sakalangkung sangêt, salêbêtipun 110 taun kêpêngkêr sawêg kêlampahan punika. Tiyang ingkang tiwas ewon, tiyang ingkang kasangsara atusan ewon. Ing provincie ngriku punika ingajêng misuwur panggenaning wos tuwin gandum, nanging ing wêkdal punika kasangsara sangêt. Têtiyangipun ngantos sami nêdha lêmpung, klikaning kajêng tuwin sukêt. Lèpèn-lèpèn tuwin sabin sami sat, têtanêmanipun sami pêjah. Kathah tiyang sami papriman, botên kirang têtiyang ingkang lajêng anjarah-rayah. Gupêrnur ing Liu Hsiang dhawuh dhatêng para saradhadhu supados masrahakên blanjanipun sadintên, badhe kangge mitulungi ingkang sami kasangsaran.

Jendral Chu Ching-lang lajêng tumindak têtulung saha nitipriksa dhatêng papan kasangsaran. Ingkang pinanggih ing Honan Kilèn wontên tiyang 60.000 langkung sami kêluwèn, ingkang sami kêluwèn sadaya 230.000. Têtiyang ing ngriku nyata sami nêdha sukêt, klika tuwin oyod-oyodan, ing ngriku ngantos rêsik botên wontên têtukulan ingkang kumliwêr. Kathah tiyang ingkang pêjah jalaran nêdha bubur glêpung sela. Jendral Chu Ching sabên dintên kêpapag tiyang ewon sami nêdha pitulungan. Miturut papriksan, gêsanging tiyang cêkap 10 sèn sadintên, kêdah tumindak 1/2 wulan.

--- 416 ---

Wêwaosan

Saribang

Pêpiridan saking buku karanganipun Baronesse Orczy

47

Kanthi cêkak Sopêlin apitakèn: Kira-kirane apa ora ana wong liya kang ngrungokake.

Dhèsgas: Botên wontên.

Sakêdhap sang putri kagungan kuwatos, bilih Dhèsgas nêdya nitipriksa ing sajawining kamar tamu ngriku, ingkang sagêd anjalari kamar pandhêlikanipun sang putri sagêd kadêngangan. Kadospunapa kadadosanipun, saupami sang putri ngantos kasumêrêpan dening tiyang kalih wau, sang putri botên sagêd anggambarakên. Tujunipun Sopêlin enggal-enggal lajêng ngundang wangsul Dhèsgas wau.

SopêlipSopêlin. lajêng pitakèn dhatêng juru sêratipun makatên: Apa kowe krungu wartane prau Inggris kae.

Dhèsgas: Kala sontên botên kasumêrêpan dhatêng pundi purugipun kapal wau, nanging salajêngipun tiyang nuntên sumêrêp bilih kapal wau nuju dhatêng sunglon Grisnès.

Sajak sênêng Sopêlin kalair têmbungipun makatên: Sukur yèn mêngkono, saikine kowe apa krungu kabare Kaptin Jutle, apa kandhane wong kiyi.

Dhèsgas: Piyambakipun nanggêl, bilih sadaya dhawuh panjênêngan kala minggu ingkang kapêngkêr, dipun tindakakên kanthi têmên-têmên. Sadaya margi ingkang anjog mriki, siyang dalu tansah dipun nganglangi. Pasisir tuwin parangcuri ngriku tansah dipun jagi kêncêng.

Sopêlin: Dhèwèke apa wêruh gubuge wong kang disêbut Brangkar.

Dhèsgas: Botên, sêmunipun botên wontên ingkang sumêrêp gubugipun tiyang wau. Tiyang urutipun pasisir punika kathah gubug gadhahanipun para juru misaya ulam. Nanging...

Sopêlin nyêlani rêmbag makatên: Wis, wis. Aku saiki arêp pitakon bab liya. Kapriye kabare prakara bêngi iki.

Dhèsgas: Kadosdene padatan sadaya margi tuwin pasisir, tansah dipun nganglangi, lan Kaptin Jutle tansah nyadhong dhawuh.

Sopêlin: Saiki kowe kandhaa nyang Jutle, panganglange dalan-dalan lan pasisir kudu saya dikêncêngi. Luwih-luwih dalan saurute pasisir.

Anggènipun Sopêlin suka parentah wau kanthi cêkak tuwin saprêlunipun kemawon. Nanging tumrap Lèdhi Blakêne, ingkang tansah mirêngakên, panggalihipun prasaksat kadosdene dipun cocogi ing êri.

Sopêlin anglajêngakên parentahipun makatên: Para prajurit kudu tansah diwanti-wanti aja nganti lena anggone nitipriksa marang wong kang liwat ing kono, ora prêduli apa wong mau mlaku dharatan utawa nênunggang. Luwih-luwih kudu ngulat-ulatake bangêt nyang wong kang dêdêg piadêge gêdhe dhuwur. Aku ora prêlu nêrangake manèh, yèn wong mau wis mêsthi anylamur. Nanging jalaran saka dêdêge kang dhuwur mau, bisane ngumpêtake, mung sarana mlaku wungkuk. Wis ngrêti kowe.

Dhèsgas: Inggih sampun cêtha.

Sopêlin: Yèn ana salah sijining prajurit wêruh wong mônca kaya sing mêntas tak caritakake mau, banjur prajurit loro, kudu diprentahi ngulat-ulatake wong iki. Sing sapa amrangguli wong mônca kang dhuwur iki nanging wusanane banjur ora kawêruhan mênyang ngêndi parane - bakal nômpa paukuman dikisas. Mung wong siji kang kudu enggal-enggal lumayu mrene, lapur nyang aku. Parentahku iki apa wis têrang kabèh.

Dhèsgas: Sampun.

Sopêlin: Nèk uwis, iya sokur. Saiki kowe tumuli mangkata, lan golèkana Kaptin Jutle, konên nêmoni aku. Saiki uga prentahna supaya panjagan prajurit diwuwuhi. Kajaba iku kandhaa nyang Kaptin Jutle, mrenene kudu anggawa prajurit satêngah losin. Sajêrone sapuluh mênit kowe kudu wis bali mrene manèh. Wis budhala.

Sasampunipun Dhèsgês lajêng pamit saha kesah saking ngriku.

Ing ngajêng sampun kacariyosakên, bilih salêbêtipun tiyang kêkalih wau sami rêrêmbagan, Lèdhi Blakêne tansah amirêngakên saking kamar pandhêlikanipun. Mirêng parentahipun Sopêlin dhatêng tiyang bawahipun wau, kuwatosing panggalihipun sang putri sakêlangkung-langkung, awit ing ngriku cêtha wela-wela, bilih sadaya wau botên sanès kajawi badhe nyêpêng ingkang raka: Sêr Pèrsi Blakêne, kanthi tindak ingkang julig sangêt, Sêr Blakêne botên tumuntên kacêpêng, namung badhe kaulat-ulatakên kemawon, punika prêlunipun supados para darah ingkang nêdya badhe miruda saking praja Prancis, sarta angêntosi dhatêngipun Saribang, sagêda gadhah pangraos badhe tumuntên linuwaran saking bêbaya, botên mangrêtosa, bilih salêbêtipun Saribang amanggihi para darah wau, papan ing ngriku dipun kêpung wakul binaya mangap dening prajurit pintên-pintên. Jalaran saking punika, lajêng badhe sagêd kadêngangan sanalika anggèning Sêr Blakêne nêdya mitulungi lan angluwari para têtiyang ingkang dipun anggêp mêngsahipun praja Prancis. Mênggah prêlunipun ingkang makatên punika, saupami Sêr Blakêne lajêng kacêpêng saha kapatrapan ukuman punapa mêsthinipun, lajêng ing têmbe kauningan ing praja Inggris, jalaran Sêr Blakêne gadhah dosa agêng tumrap praja Prancis wau, dados Prancis inggih kenging nindakakên kuwajibanipun kanthi saprêlunipun, kanthi sêpên pangaru-birunipun praja Inggris. Badhe kasambêtan.

--- 49 ---

No. 22, taun VIII.

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI : BU-MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CÈNTRUM

RÊGANE SATAUN f 1.50, KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

MANGSULI LAYANG

Tun Sudarsini. Wiyose, layangmu lan cangkrimanmu wis daktampa kalawan sênênging atiku. Dadi bapakmu olèhe dadi lêngganan Kêjawèn wiwit taun 1926, wah ya wis lawas bangêt, nganti lumutên. Sokur Tun, yèn kowe saiki luwih sênêng maca T.B. sakuwise disalini aksara latin. Tun, aku durung tau nyang Batam, dadi kang dikandhakake kancamu iku seje.

Muchamad Dawami Parit. Wah, bungahku tanpa upama, kowe kirim layang manèh nyang aku. Batangane cangkriman Maart bênêr kabèh, lan cangkrimanmu liya dina bakal dipacak. Besuk manèh yèn ngirimi cangkriman, batangane uga kirimna sisan. Sadurung lan sauwise taktrima bangêt.

Buntarta Sêmarang. Wis lawas bangêt kowe ora ngirimi layang nyang ibumu. Wah sênêngku barêng aku tampa layangmu lan karanganmau manèh.

Kasan Ismendangsuparli Purwokêrto. Layangmu sarta karanganmu wis dak tampa kêlawan bungahe atiku, liya dina bakal dipacak. Aku bilu bungah, dene rapportmu apik, muga-muga mangkonoa sabanjure lan lêstaria anggonmu tabêri sinau. Bubar pacantie bok iya kowe nyaritakake kaanane Karanganyar.

Sarjono Surakarta. Bangêt andadèkake sênêngku, kowe mêrlokake nglayangi aku lan awèh slamêt ngalih nyang Gang Bungur, lan saka pamujimu aku ing omah anyar iki krasa sênêng bangêt. Sarjono, sanajan kowe ora langganan T.B., nanging yèn arêp ngisèni karangan T.B., iya kêna bae.

Sri Surnarni Sêmarang. Layang wis daktampa, daktrima bangêt. Sing tabêri anggonmu sinau, kaya sing uwis kêlakon.

Saharja Surabaya. Aku wis nampa layangmu sarta karanganmu, bangêt panrimaku. Ananging aja dadi atimu, karanganmu ora bisa dipacak, awit wis kaprah. Aja gêla atimu uga, gawea karangan manèh, wis lumrahe kanggo sinau.

Ismaji Sudarso Ngayogya. Bungahku tanpa upama, tampa layang sarta lêlucon saka kowe. Mula ya ora akèh layang sing saka Ngayogya. O, Ismaji, saupama kowe bisa têka nyang omahe Bu Mar, wis mêsthi daktampa kêlawan sênênging atiku lan manèh prêkara suguhan, aja kuwatir, ora ketang mung wedang sacangkir tur... adhêm. Ya besuk taksuguhi, sing ing kutha Bêtawi bekend bangêt, yaiku gadho-gadho lan asinan. Asinan iki yèn kowe nêmbe kêpêthuk sapisan pindho, ya ora enak, cêmplang, nanging yèn kaping-kaping, banjur dadi karêman.

Suwargadi Kudus. Aku wis nampa layangmu sarta karanganmu, andadèkake bungahku. Ananging aja gêla atimu; karanganmu ora bisa dipacak, gawea manèh sing luwih apik.

Handini pacitan. Andadèkake sênênging atiku, kowe arêp ngirimi dongènge Umar Sanusi, takarêp-arêp bangêt, ya Han. Ananging panjalukku, tulisên aksara latin bae sarta sing cêtha. Sadurunge, bangêt panrimaku.

Sukati Wonosobo. Uran-uranmu wis daktampa, liya dina bae, yèn ana papan bakal kapacak.

Nyuharsijah Sêmarang lan Sumarsih. Layangmu anêpungake karo Bu Mar, aku wis nampa, ora liya bangêt panrimakyu. Sumarsih, dêdongenganmu takarêp-arêp. Karangane Nyuharsijah liya dina dipacak.

Sri Baliwarti Surabaya. Sri, ibumu pangapuranên bae, olèhe ora mangsuli layangmu, awit ibumu babar pisan ora rumasa nampa layangmu. Aku kagèt bangêt, barêng tampa layang kang surasane mangkono kae, sabab durung tau ana kêponakan-kêponakan sing layange mangkono. Mulane satampane layangmu, lorogan meja panulisan dakdhudhahi, kabèh layang-layang lawas dakwacani, nanging layangmu sing dhisik mêksa ora ana. Dene anggone bab "olah-olah" diêmot, iku saka panjaluke bocah-bocah, sing njaluk luwih saka sèkêt, dadi aku kapêksa macak bab "olah-olah" sawatara sing gampangan bae. Sri, aku bungah bangêt, kowe mêrlokakae ngirimi layang nyang Bu Mar, nanging yèn kowe nganti nyêgah luwe 13 dina ya aluwung ora bae, aku ora sênêng yèn krungu mangkono iku, dadi ngirimana layang, yèn pinuju ombèr bae.

R.M. Suleman Purbolinggo. Siti Sudaryati Jêmbêr, Sumantinah Surakarta. Layangmu kang nandhakake bungahmu T.B. disalini aksara latin wis daktampa kêlawan sênênging atiku. Sumantinah, yèn kowe arêp milu urun-urun ngisèni T.B. ya bêcik, sing padha kêrêp nglayangi ibumu.

Layang liya-liyane bakal takwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar.

--- 50 ---

SINAU OLAH-OLAH

[Grafik]

Ing jamane saiki, bocah wadon isih cilik wis padha bisa olah-olah. Sinaune mau ana kang ana pamulangan, ana kang sinau ana ngomahe dhewe.

Bêja bangêt wong duwe anak wadon ing jaman saiki, isih cilik bae wis bisa ngolah-olahake bapakne.

Kang kacêtha ing gambar iki, bocah-bocah kang padha sinau olah-olah ana ing pamulangan.

RECEPT DHAHARAN

Havermoutcoekyes.

Havermout 7 sendhok dhahar, gula pasir sing wis alus 5 sendhok dhahar, glêpung gandum 4 sendhok dhahar, mêrtega 4 sendhok dhahar.

Gula lan mêrtega kaubêg nganti putih, havermout lan gandum banjur kacampurake. Yèn kabèh wis amor rata banjur kalètrèk ing loyang kang wis diusar-usari mêrtega, nuli kabakar. Yèn wis matêng diirisi dawane kira-kira 4 cm, ambane 2 cm, banjur kabakar manèh samatênge.

Krakeling asin.

Glêpung gandum 1 pun, mêrtega 1/2 pun, kuning êndhog 1, banyu 1/2 gêlas, anggur madera 1 gêlas cilik, uyah sacukupe. Iku kabèh diulêt dadi siji nganti rata, dhisike glêpung karo êndhog, banjur mêrtega, nuli madera lan uyahe kacampurake. Yèn wis rata nuli digiling-giling, digawe rupa krakêling, dhuwur diusar-usari êndhog, nuli dibakar ing pan samatênge.

Bu Mar.

Kêlan kluwak daging.

Daging 1/4 katos, dipun godhog lajêng dipun irisi alit-alit.

Bumbunipun: rajangan brambang 3 sendhok tèh, rajangan bawang 1 sendhok tèh, rajangan lombok 2 sendhok tèh, rajangan laos 1 sendhok tèh, rajangan kunir bakaran 1/2 sendhok tèh, kêtumbar 1 sendhok tèh, sarêm sacêkapipun, traos, asêm sakêdhik, kluwak ingkang sampun dipun oncèki 2 iji. Laos, sarêm, kêtumbar, traos, kunir kluwak kaulêg ngantos lêmbat. Brambang, bawang, lombok dipun gangsa ing lisah. Ulêg-ulêgan bumbu lajêng kacêmplungakên, dipun udhêg-udhêg ngantos amor, lajêng dipun santêni 2 cangkir dipun sukani salam lan gêndhis jawi sakêdhik, sarta dagingipun kacêmplungakên, dipun godhog ngantos matêng. Ingkang kenging kadamêl kêlan kluwak wau, daging lêmbu utawi maesa, daging ayam, balungan menda, sadaya wau kêdah dipun godhog rumiyin.

Isdinah.

RATU LAN PÊSAKITAN

Anuju sawijining dina ana sawijining pangeran tindak-tindak liwat ing pakunjaran ing kutha kang isih dadi bawahe pangeran mau. Ora antara suwe kêpêthuk pêsakitan lima kang sikile dirante, padha arêp nyambut gawe. Wong lima mau kadhawuhan mandhêg ing ngarsane, didangu saka siji, kapriye sababe dene nganti kalêbokake ing kunjara.

Wong ukuman kang nomêr siji matur, manawa dhèwèke ora rumasa nglakoni kaluputan, nanging saking pintêre gunême sêksi palsu, dhèwèke kadakwa sarta banjur dikunjara.

Pêsakitan kang nomêr loro matur, yèn dhèwèke olèhe dilêbokake ing kunjara sabab saka Presiden Landraad sêngit karo dhèwèke.

Pêsakitan kang nomêr têlu matur, yèn dhèwèke babar pisan ore anduwèni kaluputan, nanging saking sêngite tangga-tanggane nyang dhèwèke, banjur kadakwa matèni uwong, lan saking pintêre gawer bukti palsu, pêsakitan mau banjur dikunjara.

Pêsakitan kang nomêr papat matur, yèn dhèwèke uga ora duwe kaluputan, nanging banjur kadakwa gawe dhuwit palsu.

Wong ukuman papat mau, kang wis didangu sababe, banjur padha nyuwun pangapura, supaya diluwari saka kunjara.

Pangeran nuli andangu pêsakitan kang nomêr lima: "Genea kowe ana ing kene?"

Ach, kula punika madosi dhompèt arta, lan sarèhning kula punika rumaos lêpat, kula ajrih nyuwun dipun luwari saking kunjara.

Pangeran nuli ngandika manèh: "O, yèn mêngkono kowe ora pantês bêbarêngan karo wong-wong papat kuwi sing jarene padha ora duwe kaluputan."

Pangeran mau nuli nimbali cipier sarta ngandika mangkene: "Wong iki rantene uculana, lan konên lunga. Sabab dhèwèke ngomong têrus-têrang, ora mukir, mulane saiki takluwari saka kunjara."

--- 51 ---

LAYANG KIRIMAN

Nuwun wiyosipun kula pun Waluya. Bu, kula bingah sangêt, dene "Taman Bocah" dipun gantos aksara latin. Mangka rumiyin, sawêg ngangge aksara Jawi, manawi kula maos taksih glagêpan.

Bu, punapa parêng, kula nglêbêti dongèng cêkak, kangge imbuh-imbu "Taman Bocah"?

Makatên Bu dongèngipun.

Ana wong desa arane Pak Sura. Pak Sura kuwi doyan bangêt turu, ora kuwat mêlèk suwe.

Anuju sawijining dina, tampa ulêman saka tanggane, diaturi lênggahan pêrlu lagi puputan ngêlèki bayi. Wayahe jam 8 sore Pak Sura enggal dandan, nuli pamit karo kang wadon, yèn wêngi iki pêrlu arêp lunga marang omahe Pak Karya kang lagi duwe chajat muputi anake bayi. Cara desa yèn duwe anak umur pitung dina, nuli dijênêngi nganggo dislamêti lan ngulêmi tangga têparone. Nalika samana Pak Sura lagi jam sêpuluh wêngi wis krasa arip. Tumuli nggluntung ana pagêlaran, turu ngorok sêsênggoran.

Nalika samana pandhapane Pak Karya wis kêbak wong kang padha jagong.

Barêng wayahe jam rolas bêngi, nuli ambabar slamêtan. Kabèh kang padha jagong padha ngêpung slamêtane. Pak Sura digugah ora gêlêm tangi, tumuli ditinggal bae. Ananging Pak Karya wis prentah karo bature lanang, supaya ambuntêlake brêkat kanggo Pak Sura ing mêngko yèn wis tangi, supaya diwènèhake.

Nalika samana tangine Pak Sura nganti jam 3 bêngi. Barêng nglilir wis ora ana wong siji-sijia. Tumuli mênyat arêp mulih, sumêdya arêp pamitan karo kang duwe omah, sêbab rumasa kawirangan. Barêng arêp mulih, bature Pak Sura sumurup, nuli diêndhêg. Clathune: "Niki, tampa brêkat." Banjur enggal-enggal mulih kalayan bungahe atine.

Barêng dhèwèke têkan têngah dalan krasa luwe.

Brêkat mau sumêdya dibukak arêp dipangan.

Lagi bae dibukak, sêpira nêsune Pak Sura, yèn iku dudu buntêlan sêga, nanging ampas gabar (ampas klapa kang wis dipêrês), banjur diguwang cêdhak dalan kono.

Barêng têkan ngomah wis jam 6 esuk, mbukak lawang karo nêsu.

Tumuli turon ana bale.

Kang wadon sumurup, banjur takon:

O, bapake wis bali. Kono kulon ya wis têka, nanging anggawa brêkat, dene bapake ora anggawa brêkat.

Wangsulane sing lanang: "Manèh-manèh aku ora arêp lek-lekan mênyang omahe Karya."

Kang wadon takon manèh: "Bayine lanang apa wadon?"

Kang lanang mênêng bae, sabab nêsune bangêt.

Ing nalika samana kalambine Pak Sura kêna dubang, sêbab turune ngglethak ana lêmah.

Bok Sura takon: "Dene klambine gupak dubang!" Wangsulan Pak Sura: "Mulane awit biyèn mula, aku sêngit karo wong guwing. Yèn idu sêmborotan."

Saking kula pun Waluya.

LAGU WITING KLAPA

Bocah-bocah ayo padha bungah-bungah / ora kêna padha susah, ya, cah bocah / elinga yèn durung wayah / nuruta marang parentah //

Tabêria maca marang Taman Bocah / aja pada ngrasa wêgah, mundhak kalah / rumasa yèn isih bocah / timbang nganggur mbuwang wayah //

Aluwung padha sinau ngarang-ngarang / hawane saiki padhang, kanggo ngarang / ing kene sing dadi ajang / supaya dadi wong garang //

Sabên Sêtu Taman Bocah mêsthi mêtu / êndi ibu iku tuku, amituhu / Mar ibuku sing amangku / amrih bêcik kang tinêmu //

Rasakêna apa kang dadi isine / aja kliru panampane, sanyatane / nuruta ing sasêdyane / gugunên ing salawase //

Buntarta - Sêmarang.

LÊLUCON

Darto: Min, "Sêgane gule enak ya."

Darmin: "Iya, iki mèh padha sing ditukoni dhèk bêngi kae."

Sing dodol gule ngglègès rumasa diêlêm dodolane karo muni: "Abêne inggih eco kok gus."

Darto calathu: "Pak, dhèk bêngi rasane ya padha iki, mêngko gèk ya kowe."

Sing dodol: "Inggih, inggih kula nika!

Darto: "La bênêran dhèk bêngi jujule 5 sèn durung kok wènèhke. Sing dodol rumasa kapusan karo grêmêngan: "We la, aku diapusi bocah cilik."

Suharja.

--- 52 ---

DONGÈNGE R.M. SAMPURNA

X.

Kyai Tohir nuli calathu karo sing duwe omah: "Coba ngakna lawange, mbokmanawa mungsuh iku kêna diêlus." Lawang nuli dibukak, banjur ana wong gagah papat mlêbu, sarta anggawa bêdhil, raine brêgas lan ajenggot dawa. Ana wong sing anggawa obor, calathu mangkene, "Aku kabèh iki arêp padha mriksa omah iki; sadhela manèh bêndaraku arêp rawuh sarta anggawa wong manèh arêp nyare ing kene."

Kyai Tohir nuli pitakon: "Sintên ta bêndara sampeyan punika?"

Wangsulane mangkene: "Bêndara kula punika priyantun bangsa luhur ingkang kêtaton wontên ing paprangan, sapunika sampun sênggang, lan sabab sapunika sampun rukun kalihan mêngsahipun, panjênênganipun badhe kondur sarêng-sarêng kalihan para prajuritipun."

Krungu omongan mangkono Kyai Tohir banjur ngêrti, yèn priyayi bangsa luhur iku satêtême ingkang rama R.M Sampurna; bangêt sênênge atine Kyai Tohir lan kabèh wong ing jêro omah ilang wêdine; wong papat mau nuli mari nggone grusa-grusu banjur têtêmbungane uga ora kasar. Wong kang anggawa obor clathune mangkene: "Kula sadaya sami nyuwun pangapuntên, sampun ngantos alit ing manah, sabab kula sami murang tata; awit wontên angin agêng sarta jawah dêrês kula lajêng sami kêsasar ing wana grêng, ajrih manawi sami kêpêksa nyipêng ing jawi, mila lajêng dhatêng mriki. Cobi manawi botên sumêrêp cahyanipun dilah ing griya punika, têmtu ngantos dumugi benjing enjing botên pikantuk pangeyuban.

Barêng Kyai Tohir krungu, manawa cahyane diyan mau prasasat kang nuduhake R.M. Pringgapurnama nyang omah iku, ing batin bungah bangêt sarta matur nuwun nyang Kang Maha Kuwasa.

XIII. R.M. PRINGGAPURNAMA

Ora antara suwe R.M. Pringgapurnama rawuh. Priyayi iku dêdêg pangadêge gêdhe sarta dhuwur, polatane sumèh lan alus budine. Kyai Tohir mêthukake rawuhe, banjur R.M. Pringgapurnama diaturi mlêbêt ing kamar sarta diaturi lênggah arêp-arêpan karo dhèwèke.

Sawise padha anêpungake, ora antara suwe wedange mêtu. Kyai Tohir ngaturake unjukan kopi sacangkir nyang ngarsane R.M. Pringgapurnama sarta matur: "Mangga ndara, dipun unjuk, mêsthinipun panjênêngan kasrêpên awit mêntas kajawahan dangu."

R.M. Pringgapurnama mangsuli: "Inggih nuwun." R.M. Pringgapurnama lan Kyai Tohir banjur padha ngunjuk wedang sinambi ngandikan. Dene sing dipangandikakake R.M. Pringgapurnama yaiku nalika ana ing paprangan, wiwit pangkat nganti kêtaton lan sênggange sarta miwiti pêrang manèh nganti sarampunge mênang anggone pêrang.

Kyai Tohir matur: "Kula andhèrèk bingah, ndara, panjênêngan pinaringan sugêng sarta mênang." R.M. Pringgapurnama banjur ngandika manèh: "Cobi kula aturi ningali prajurit kula, sami sênêng-sênêng, awit wangsulipun saking paprangan agêng sami manggih wilujêng botên wontên satunggal punapa. Ananging kula piyambak sawêg ngraosakên susah, inggih punika samar manawi ing griya wontên kasusahan. Lêrês semah kula wilujêng, nanging manah tansah trataban manawi kèngêtan anak kula, awit sampun dangu sangêt semah kula botên kintun sêrat dhatêng kula, mangka suraosing sêrat ingkang kakintunakên kantun piyambak, makatên: "Kangmas, bokmanawi panjênêngan botên badhe pinanggih malih kalihan ingkang putra ing donya punika."

Pak, sampeyan mêsthinipun rak sampun sumêrêp griya kula lan kadospundi kawontênanipun? Saupami sampeyan botên sagêd nyukani kabar bab punika dhatêng kula, bok inggih manah kula punika sampeyan lêlipur, supados ragi bombong."

Kyai Tohir mèsêm-mèsêm saking sênênging atine sarta nuli matur mangkene: "Salêrêsipun kula sagêd ngaturi kabar ingkang sangêt wigatos tumrap panjênêngan. Putra panjênêngan punika sêgêr kasarasan sariranipun lan panjênênganipun ingkang badhe andhatêngakên kabingahan dhatêng rama ibunipun. Sadangunipun gêsang kula dèrèng nate sumêrêp lare ingkang kados putra panjênêngan."

R.M. Pringga andangu: "Sampeyan punapa têpang kalihan anak kula?" Kyai Tohir mangsuli: "Inggih kula têpang sangêt kalihan putra panjênêngan R.M. Sampurna. Satindak panjênêngan dhatêng paprangan, putra panjênêngan nandhang susah sarta kacilakan."

Kyai Tohir nuli nyaritakake bab R.M. Sampurna saka kawitan nganti tumêkane wêkasan. Kyai Tohir kêtêmu karo R.M. Pringga lan manèh banjur dituduhi gambare R. Ayu Pringga. R.M Pringga ngandika karo kagèt: Inggih punika semah kula. Adhuh mêsakake bojoku, kang wis ngrasakake sakèhing susah. Wontên pundi sapunika anak kula?" Kyai Tohir mangsuli: Putra panjênêngan punika wontên ing griya ngriki. R.M. Pringga anjênggirat sarta ngandika mangkene: "Wontên ngriki? Pundi kamaripun." Panjênêngane R.M. Pringgapurnama nuli mlumpat saka kursine nganti kursi sing mêntas dilênggahi ambalik, nuli ngandika manèh: "Kenging punapa sampeyan botên sanjang wau-wau? Mangga enggal kula sampeyan têdahakên."

Kyai Tohir mênyat banjur anggawa diyan, digawa mênyang kamar kang kanggo sare R.M. Sampurna; R.M. Pringga ngêtutakên ing burine. R.M. Sampurna lagi sare kêpati, rupane bagus, cahyane mêncorong lan ulate mèsêm. Ana candhake.

--- [0] ---

Jayaprana Layonsari

Sajakipun ing tanah Bali saantero kinanipun kalêbêt limrah para pangagêng ngrêsakakên semahipun tiyang sanès. Awonipun tindak ingkang makatên wau sampun gênah, botên namung tumrap tiyang ingkang kataman, nanging inggih tumrap bôngsa saumumipun, mila inggih tansah dados pangrêsulanipun tiyang kathah. Tumrap para pujôngga lêlampahan wau dados panggigahing manahipun, purun nganggit-anggit dongèng kadosdene Sritanjung utawi Jayaprana Layonsari.

Cêkakipun cariyos Sritanjung, kula aturi mriksani papan sanès. Dene cêkakanipun cariyos Jayaprana Layonsari kados ing ngandhap punika.

Jaman kina ing Kaliangêt tanah Bali, wontên pagêblug agêng, kathah tiyang ingkang tiwas, agêng alit, sêpuh anèm tanpa wicalan kathahipun, ngantos wontên griya ingkang suwung, jalaran tiyangipun pêjah sadaya. Wontên satunggaling brayat katrajang pagêblug pêjah sadaya. Kantun anakipun wuragil taksih alit ingkang wilujêng, lajêng dipun kukup ingkang bupati sarajadarbèkipun sadaya. Lare wau nama Jayaprana, sarêng sampun agêng katingal bagus lan sugih kasagêdan, ingkang bupati sakalangkung asih, dipun anggêp kados putranipun piyambak. Jayaprana kadhawuhan rabi, kapurih milih tiyang èstri ingkang dipun sênêngi, ingkang bupati ingkang badhe nêmbungakên dhatêng tiyang sêpuhipun. Kalêrêsan Jayaprana lajêng angsal padikan lare èstri ingkang sae warninipun, nama Layonsari. Enggaling cariyos lajêng kadadosan rêmbagipun. Panggihipun Jayaprana ing kabupatèn mawi pasamuwan agêng-agêngan, bibar panggih pangantèn jalêr èstri lajêng ngabêkti dhatêng ingkang bupati. Jayaprana dipun paringi griya, rencang tuwin bôndha sacêkapipun. Samangke Jayaprana mêngku balegriya piyambak, sênêng gêsangipun.

Kacariyos, nalika ingkang bupati dipun bêktèni pangantèn jalêr èstri, dumadakan priksa endahing warninipun Layonsari, lajêng kasmaran, katrêsnanipun dhatêng Jayaprana ical babarpisan. Ingkang bupati ngantos botên karsa dhahar lan botên sagêd sare, Layonsari tansah cumithak wontên ing paningal kemawon.

Wontên satunggaling abdi ingkang gêthing dhatêng Jayaprana, mangrêtos dhatêng wêwados punika, mila lajêng ngaturi pamrayogi dhatêng ingkang bupati, murih sagêd kalêksanan karsanipun. Ingkang bupati lêga panggalihipun. Jayaprana lajêng kautus dhatêng palabuhan anindhihi prajurit, awit kawartosakên ing ngriku kadhatêngan bajak. Punika kapurih nyirnakakên. Wusana sarêng dumugi ing palabuhan, Jayaprana lajêng dipun pêjahi dening satunggaling prajurit ingkang sampun dipun kêthik ing sadèrèngipun.

Layonsari dipun boyongi dhatêng kabupatèn, nanging puguh botên purun angladosi karsanipun ingkang bupati, awit sampun mirêng pawartos bilih pêjahipun ingkang jalêr punika pancèn dipun paeka, wusana Layonsari lajêng pêjah suduk sarira. Ingkang bupati priksa Layonsari pêjah, lajêng salah paningal ngasta pêdhang ngamuk para abdi, têlas-têlasanipun lajêng suduk sarira piyambak.

Cariyos Jayaprana kalihan Layonsari punika nêngsêmakên saèstu, asring kangge lampahan kêthoprak.

Gancaran, aksara Jawi, rêgi f. 0. 40

Wêdalan Bale Pustaka-Batawi Sèntrêm

--- [0] ---

[Iklan]

Ôngka 30, Rê Wa, 3 Sapar Ehe 1868, 14 April 1937, Taun XII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

Jayaprana-Layonsari

Sajakipun ing tanah Bali saantero kinanipun kalêbêt limrah para pangagêng ngrêsakakên semahipun tiyang sanès. Awonipun tindak ingkang makatên wau sampun gênah, botên namung tumrap tiyang ingkang kataman, nanging inggih tumrap bôngsa saumumipun, mila inggih tansah dados pangrêsulanipun tiyang kathah. Tumrap para pujôngga lêlampahan wau dados panggigahing manahipun, purun nganggit-anggit dongèng kadosdene Sri Tanjung utawi Jayaprana-Layonsari.

Cêkakanipun cariyos: Sri Tanjung, kula aturi mriksani papan sanès. Dene cêkakanipun cariyos: Jayaprana-Layonsari kados ing ngandhap punika.

Jaman kina ing Kaliangêt tanah Bali wontên pagêblug agêng, kathah tiyang ingkang tiwas, agêng alit, sêpuh anèm tanpa wicalan kathahipun, ngantos wontên griya ingkang suwung, jalaran tiyangipun pêjah sadaya. Wontên satunggaling brayat katrajang pagêblug pêjah sadaya. Kantun anakipun wuragil taksih alit ingkang wilujêng, lajêng dipun kukup ingkang bupati sarajadarbèkipun sadaya. Lare wau nama Jayaprana, sarêng sampun agêng katingal bagus lan sugih kasagêdan, ingkang bupati sakalangkung asih, dipun anggêp kados putranipun piyambak. Jayaprana kadhawuhan rabi, kapurih milih tiyang èstri ingkang dipun sênêngi, ingkang bupati ingkang badhe nêmbungakên dhatêng tiyang sêpuhipun. Kalêrêsan Jayaprana lajêng angsal padikan lare èstri ingkang sae warninipun, nama Layonsari. Enggaling cariyos lajêng kadadosan rêmbagipun. Panggihipun Jayaprana wontên ing kabupatèn mawi pasamuwan agêng-agêngan, bibar panggih pangantèn jalêr èstri lajêng ngabêkti dhatêng ingkang bupati. Jayaprana dipun paringi griya, rencang tuwin bôndha sacêkapipun. Samangke Jayaprana mêngku bale griya piyambak, sênêng gêsangipun.

Kacariyos, nalika ingkang bupati dipun bêktèni pangantèn jalêr èstri, dumadakan priksa endahing warninipun Layonsari, lajêng kasmaran, katrêsnanipun dhatêng Jayaprana ical babarpisan. Ingkang bupati ngantos botên karsa dhahar lan botên sagêd sare, Layonsari tansah cumithak wontên ing paningal kemawon.

Wontên satunggaling abdi ingkang gêthing dhatêng Jayaprana, mangrêtos dhatêng wêwados punika, mila lajêng ngaturi pamrayogi dhatêng ingkang bupati, murih sagêd kalêksanan karsanipun. Ingkang bupati lêga panggalihipun. Jayaprana lajêng kautus dhatêng palabuhan, anindhihi prajurit, awit kawartosakên ing ngriku kadhatêngan bajag. Punika kapurih nyirnakakên. Wusana sarêng dumugi ing palabuhan, Jayaprana lajêng dipun pêjahi dening satunggaling prajurit ingkang sampun dipun kêthik ing sadèrèngipun.

Layonsari dipun boyongi dhatêng kabupatèn, nanging puguh botên purun angladosi karsanipun ingkang bupati, awit sampun mirêng pawartos bilih pêjahipun ingkang jalêr punika pancèn dipun paeka, wusana Layonsari lajêng pêjah suduk sarira. Ingkang bupati priksa Layonsari pêjah, lajêng salah paningal, ngasta pêdhang ngamuk para abdi, têlas-têlasanipun lajêng suduk sarira piyambak.

Cariyos Jayaprana kalihan Layonsari punika nêngsêmakên saèstu. Asring kangge lampahan kêthoprak.

Gancaran, aksara Jawi rêgi f 0.40.

Wêdalan:- Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm.

--- [449] ---

Ôngka 30, Rê Wa, 3 Sapar Ehe 1868, 14 April 1937, Taun XII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining Kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pulo Papuah - Gadhah Damêl Mantu - Bab Marisakên ing Tanah Jawi Têngah - Kawontênan ing Amerikah - Tiyang Linangkung - Cariyos Sugêngipun Professor Dr. Lord Lister - S(olosche R(adio V(ereeniging) - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

--- 450 ---

Nagari dalah Tiyangipun

Gadhah Damêl Mantu

Sambêtipun Kajawèn nomêr 29

Enjingipun ngawontênakên jagongan nikah. Mênggah sakawitipun ingkang gadhah wajib anikahakên, manawi pancèn sagêd kacêkap, punika pun wali (bapakipun pangantèn èstri) piyambak. Sarèhning tiyang gadhah damêl mantu punika, limrahipun tamtu kathah pamanahanipun, murih sudaning ngrêgiyêgipun pamanahan, mila ingkang kathah anggèning nikahakên anakipun lajêng pasrah dhatêng juru nikah. Tumrap ing Surakarta pangantèn nikahan wontên masjid, punika kalêbêt awis-awis, malah kenging kawastanan sêpên babar pisan. Ingkang kathah pangantèn nikahan punika dhatêng ing griyanipun juru nikah (kanaiban) utawi wontên ing griyanipun ingkang gadhah damêl piyambak, sarana ngaturi dhatêngipun juru nikah sapunggawanipun kônca kalih ingkang badhe dados saksining panikah. Manawi juru nikah sampun dhatêng pangantèn lajêng dipun ajêngakên, kapapanakên ing ngandhap brunjung (ngongrongan têngah lêrêsing pandhapi), tatananing linggihan kados ngandhap punika:

Wali ------------------------------ Ingkang nganthi

--------------Pangantèn------------------------------

--------------Juru nikah-------------------------------

Saksi A--------------------------------------Saksi B

Sasampuning satata linggihipun, wali (bapakipun pangantèn èstri) lajêng pasrah dhatêng juru nikah, têmbungipun makatên: Kula ngrêsaya ing panjênênganipun kyai juru nikah, panjênêngan nikahakên anak kula èstri nama: Rara Dulkijah, dhaup kalihan pun: Mukaram, maskawinipun slaka pêthak wawrat satail, kakêncèng utawi kasambut, kula suka lila. Ingkang punika, kalampahanipun nikah, kula amborongakên kyai juru nikah.

Saksi A lajêng mitêrang dhatêng pangatèn bab badhe maskawinipun, têmbungipun: Mas Mukaram sampeyan tampèni panikahipun Mas Rara Dulkijah putranipun èstri kyai wali, maskawinipun slaka pêthak wawrat satail, punika sampeyan kêncèng punapa kasambut. Kajawi punika, ing mangke sarampungipun ijab kabul nikah, sampeyan badhe nampèni taklèk janji dalêm, têtêpi pranatan nagari.

Pangantèn: Maskawinipun kula suwun nyambut saha sandika nampèni taklèk janji dalêm.

Juru nikah lajêng wiwit angijabakên, têmbungipun makatên: Mas Mukaram, kula anikaha(andhaupa)kên sampeyan, akalihan Mas Rara Dulkijah, anak èstrinipun kyai wali ingkang sampun ngrêsaya dhatêng kula, kalawan maskawin slaka pêthak wawrat satail sampeyan sambut.

Pangantèn: Kula tampèni anggèn panjênêngan nikahakên Mas Rara Dulkijah putranipun kyai wali, maskawinipun slaka pêthak wawrat satail kula sambut.

Juru nikah lajêng andonga, ingkang suraos mêmuji wilujêngipun pangatèn sakalihan, sarta atut [a...]

--- 451 ---

[...tut] runtutipun lan wêngku-winêngku ing salêbêting bêbrayatan, punapadene sagêd ngundhuh wohing salakirabi. Sarampunging donga, pangatèn lajêng dipun pundhuti sêsanggêmanipun (taklèk).

Saksi B: Mas Mukaram, sampeyan tampi taklèk janji dalêm, manawi sampeyan nilar rabi sampeyan Rara Dulkijah, laminipun pitung wulan lampahan dharatan, utawi kalih tahun lampahan nyabrang sagantên (lêlayaran), ingkang sanèsipun anglampahi ayahan dalêm, tan trimahipun rabi sampeyan Rara Dulkijah, rapak (matur) ing pangadilan ingkang wajib, manawi sampun têrang papriksanipun, punika karêntahakên talak sampeyan satunggal, dhumatêng rabi sampeyan Rara Dulkijah, sarta tinagih sambutan sampeyan maskawin.

Pangantèn: Inggih sandika.

Sontênipun ngawontênakên jagongan malih panggihipun pangantèn. Pangantènipun mangangge basahan, inggih punika pangantèn jalêr tuwin èstri sami manggangge dodotan, kampuh bangun tulak binathik praos gambar alas-alasan, sami tanpa rasukan. Pangantèn jalêr kulukan mathak biru sêkar têlêng, calana kêsting pêthak mawi plisir renda. Pangantèn èstri paesan, gêlung agêng rinajut roncèn roncèn sêkar mêlathi, mawi cundhuk mêntul, sarta cundhuk sêrat pênyu tinrètès sêsotya. Sasampunipun pangatèn jalêr èstri kapanggihakên gathuk sarwi kanthèn, lajêng linggih jèjèr wontên sangajênging patanèn. Makatên caranipun pangatèn Surakarta ingkang dipun wiwaha.

T.N.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar salah satunggiling gêdhong sacêlakipun Zeel am See ingkang dèrèng dangu punika mêntas kangge palêrêmanipun Sang Raja Putri Juliana sakalihan Sang Pangeran Bernhard, wêkdal papara sabibar krama.

--- 452 ---

Bab Babagan Kukum

Bab Marisakên ing Jawi Têngah

Sambêtipun Kajawèn nomêr 29

II

Ngamalipun tiyang Jawi punika ing pungkasanipun mêsthi badhe pêcah, kabagi ing anak-anakipun (ing turunipun). Punika pêrlu kula aturakên, awit yèn cara Minangkabo ngamal ingkang kawastanan: arta pusaka: botên badhe pêcah makatên punika, malah sajakipun kala rumiyin, sanadyan ngamal ingkang kawastanan: arta pêncarian: inggih punika angsalipun tiyang sêsemahan jalêr èstri ugi botên badhe pêcah kabage ing anak putu nanging dados gadhahaning suku utawi prut, inggih punika kêmpaling kulawôngsa sadhusun, ingkang nunggil turunan pancêr èstri. Pramila: kula wangsuli malih: ngamalipun tiyang Jawi punika badhenipun ing wêkasan mêsthi pêcah kabage ing anak utawi anak putu (turunipun).

Ingkang cêkak piyambak pêcahing ngamal wau: yèn bapa biyung sampun pêjah sampun mêsthinipun dangu-dangu anak-anak utawi anak putunipun lajêng sami ambage tilaranipun, ing ngriki ingkang pêjah botên mranata pambagening tilaranipun punika, botên mranata pamarising ngamalipun.

Sagêd ugi kalampahan ingkang pêjah mranata piyambak pamarising ngamalipun punika. Mranata makatên punika kawastanan marisakên.

Marisakên punika tumindakipun tigang warni.

1. Tiyang sêpuh kraos sampun cêpak badhe dumugining jangji, lajêng tilar wêlingan dhatêng anak semahipun utawi dhatêng anak putunipun (dhatêng ahli warisipun). Kadospundi kêdah pambagening tilaranipun, yèn piyambakipun pêjah.

2. Tiyang sêpuh kraos sampun cêpak badhe dumugining jangji, lajêng ambage piyambak ngamalipuin dhatêng anak-anak, utawi anak putunipun.

Lampah kalih warni punika ngatawisi sangêt, yèn pikajênging tiyang sêpuh wau ambage utawi amranata pambagening ngamalipun. Nanging têksih wontên tindak sanès, ingkang saprepetan botên ngatawisi yèn tiyang sêpuh ambage utawi amranata pambagening ngamalipun, ewadene sajatosipun inggih kapetang amarisakên, inggih punika lampah ingkang ôngka 3. Sampun dados kalimrahan ing pundi-pundi, yèn tiyang gadhah anak ingkang sampun jêjodhoan punika, sasampuning anak wau karayat sawatawis wêkdal, upami: 1 utawi 2, 3 taun, lajêng dipun pêncarakên, utawi dipun êntasakên, utawi dipun pindhah, utawi dipun pisah (warni-warni anggènipun mastani), ingkang têgêsipun: dipun griyakakên piyambak, limrahipun lajêng dipun sukani griya, utawi dipun sukani griya lan karas (karang, pakarangan, pemahan), têrkadhang dipun kanthèni sabin pisan.

Nyênyukani makatên punika dipun wastani: amawiti, ambakali, ambêktani utawi amènèhi. Punika ugi kapetang amarisi anak (putu), utawi: amarisakên barang. Lan ugi dipun namani: amarisi utawi amarisakên.

--- 453 ---

Têrangipun malih yèn punika petang marisakên, makatên:

Limrahipun anak ragil punika botên dipun pisah, nanging tansah karayat dhatêng tiyang sêpuh, yèn kakang-kakangipun jalêr èstri sampun sami dipun pisah lan dipun sêsukani kados ingkang kula aturakên wau, sadaya tiyang sadhusun, utawi anak-anak sadaya wau ugi sampun mangrêtos piyambak, yèn griya, utawi karas punapadene sabin ingkang têksih dipun kuwasani ing tiyang sêpuh punika gadhangan badhe bageanipun pun ragil. Wicantênipun tiyang ing Kudus: kapraboning bapa (griya lan karang), punika bageanipun ruju (punika yèn ingkang sêpuh-sêpuh sampun dipun sukani). Utawi malih: yèn wontên tiyang pêjah môngka dèrèng sagêd amisah utawi anyênyukani sadaya anakipun, têksih kathah ingkang sami karayat, punika punapa gadhahanipun, inggih dados bageanipun ingkang taksih sami karayat wau. Ingkang sêpuh-sêpuh sampun botên kenging ngucik, awit sampun angsal bageanipun piyambak-piyambak.

Makatên cariyosipun tiyang-tiyang atusan ingkang sami kula pitakèni bab punika wontên ing laladan (kabupatèn): Tlacap, Purwakêrta, Banyumas (kala samantên taksih piyambak-piyambak) Magêlang, Wanasaba, Têmanggung, Sêmarang, Kudus, Madiun, Panaraga, Magêtan, Pacitan.

Cariyosipun tiyang kathah wau: upami anak ingkang sêpuh-sêpuh angucik ingkang pancèn dados gadhanganing adhi-adhinipun punika namanipun: lêpat, nakal, botên lêrês.

Makatên punika: yèn ingkang têksih dipun kuwasani tiyang sêpuh wau botên kasangêtên botên timbangipun (dening langkung kathah) tinimbang ingkang dipun sukakakên ing anak ingkang sêpuh-sêpuh. Yèn kaotipun kêkathahên: ingkang ênèm-ênèm dipun pêndhêtakên bagean rumiyin samurwatipun, lajêng tirahanipun kabage radin.

Punapa anggènipun nyêyukani anak-anak ingkang dipun êntasakên wau têmtu dipun sami pangajinipun.

Punika botên. Cariyosipun ingkang sami kula pitakèni; nyênyukani makatên punika sabêgjanipun lare piyambak-piyambak, nanging limrahipun inggih kaudi timbangipun, upami ingkang satunggal angsal griya lan karang, punika ingkang sanèsipun inggih dipun sukani griya lan karang.

Pawèwèh makatên punika cara pêkihipun kawastanan: hibah, wondene wêlingan kados ingkang kula aturakên kawastanan: wasiyat (wasiyah), nanging tiyang-tiyang ingkang kula pitakèni sami botên mangrêtos têgêsipun têtêmbungan punika.

Amarisakên ngamal utawi barang makatên punika pikajêngipun sampun ngantos ing têmbe wingking anak putunipun sami ngudur prakawis warisan.

Kajawi punika ugi sok kangge srana sampun ngantos tiyang ingkang pikajêngipun tiyang sêpuh kêdah dipun sukani bagean, bageanipun wau dipun cahak utawi dipun arubiru ing tiyang sanès. Badhe kasambêtan.

Kandhiyur.

--- 454 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Amerikah

Amerikah punika satunggiling nagari ingkang misuwur ing jagad, kawontênanipun sok sarwa nganèh-anèhi, saking elokipun, ngantos pinanggih kados dongèng. Tumrap ebah-osiking jagad, Amerikah tamtu tumut ngêmori, awit sawarnining kawigatosan, punika tamtu anggayut dhatêng nagari agêng kadosdene Amerikah punika.

Ing wêkdal punika Amerikah nuju sêpên sabab ingkang gêgayutan kalihan paprangan, nanging sawêg kêtuwuhan sabab wigatos, inggih punika pogokaning para kuli. Mênggahing nalar pogokan kuli punika nama limrah, nanging tumraping Amerikah, inggih pinanggih nganèh-anèhi, sagêd anggonjingakên praja sayêktos.

Wontênipun makatên, jalaran ing Amerikah saking kathahing pabrik agêng-agêng tuwin kabudidayan sanès-sanèsipun. Para bêbau, inggih punika bêrahipun kathah sangêt, winêngku ing pakêmpalan ingkang mawi pangarsa ulah wicara, nama John Lewis. Ing ngajêng warganipun sampun wontên tigang yuta, botên dangu lajêng mindhak sampun dados kawan yuta. Nanging pangarsa inggih pangayoman wau, ngangkah supados para bêbau ing saindênging Amerikah Sarekat sagêda ngêmpal dados satunggal, pambudidaya ingkang kados makatên punika sayêktosipun botên beda kados tiyang ngangkah wahyu agêng, awit panguwasanipun inggih agêng yêktos, kenging dipun upamèkakên kadosdene ratu. Mila tumraping gêgayutanipun kalihan praja, pangajênging golongan wau saksat anyarêngi damêl.

Tumrap John Lewis punika pamanahanipun mardika, botên tumut dhatêng golongan ngrika-ngriki, kajawi namung adhêdhasar sami-sami. Mênggah kasantosaning manah botên badhe wangwang wawan sabda kalihan sintêna kemawon. Dene ingkang tinampi dados mêngsah yêktos, punika tumraping golongan bêrah ingkang botên anggolong dhatêng piyambakipun, awit punika dipun anggêp dados otot balungipun juru suka padamêlan.

John Lewis anggèning badhe ngajêngakên pakêmpalanipun kanthi kasantosaning tekad ingkang botên beda kados sacaraning ngêmbat praja yêktos, dipun rencangi rêbat dêg kalihan têtiyang ingkang gadhah panguwaos agêng ingatasing padamêlan. Pangangsêgipun botên jalaran namung saking ngucikakên indhaking balônja kemawon, ugi murih ngawontênakên badan satunggal. Sêdya ingkang kados makatên wau sêsulakipun badhe kasêmbadan.

Mirit kawontênan ingkang sampun pinanggih, sêdyanipun John Lewis wau sampun dipun sayogyani dening pabrik agêng-agêng, kados ta General Motors, pabrik oto ingkang agêng piyambak ing sadonya, United steel Corporation tuwin General Electric, sadaya sampun sumadhiya wawan rêmbag, jalaran kêtarik saking dayanipun John Lewis anggèning nglêmpakakên kasêtyaning tiyang ingkang ngantos yutan kathahipun.

--- [455] ---

Tumrap golongan sanès ingkang dèrèng nyarujuki dhatêng tindak punika lajêng wiwit gonjing, katingal anggènipun badhe tumiyung.

Adêging panguwaosipun John Lewis botên beda kados senapatining paprangan, ingkang ngêmbat ruwêt rêntênging wêwêngkon, ngêrèh para sugih ingkang sami tumindak dados bêbaunipun. Pinanggihipun, warganing pakêmpalan tansah mindhak-mindhak, makatên ugi artanipun saya ngalêmpak kathah. Tiyang manawi sawêg jinurung, punapa ungêlipun John Lewis namung sarwa dipun luhurakên ingakathah.

[Grafik]

Sêsawangan gêdhong-gêdhong ing New York nagari Amerikah.

Ing salêbêtipun wulan Marêt kêpêngkêr wontên bêrahing pamêlikan arêng sela cacah kawan atus èwu sami mogok, awêwaton nêdha indhakan balônja 10% tuwin wancining nyambut damêl kakantuna 30 jam ing dalêm saminggu, ing ngajêng 35 jam. Makatên ugi tumrap pabrik-pabrik motor bêbaunipun ugi sami mogok, ing ngriku John Lewis ibut tansah mrika-mriki badhe nyirêp tuwin ngrukunakên ingkang sami pasulayan rêmbag. Tuwuhing pasulayan ingkang kados makatên punika adamêl orêging nagari yêktos. Inggih kalamôngsa ingkang kados makatên punika ingkang botên beda kalihan wontênipun paprangan. Pinanggihipun ing sapunika kathah ingkang sampun sirêp.

--- 456 ---

Raos Jawi

Tiyang Linangkung

[Kinanthi]

Kanthi pangèsthi rahayu / wahyaning kang wiyata di / tuduhing Panitisastra / ana pralambange muni / marna liring kaluwihan / yèn mungguh kang para janmi //

manjarwa yèku wong ayu / iya wus samya kayêktin / tôndha pasihaning Allah / lah sapa sing nora asih / lah sapa sing nora wêlas / sapa nora kudu mèksi //

saka kêdlarunging têmbung / timbang awas ing pangèksi / lamun linarangan nyawang / mênyang dyah endahing warni / bungah angur wuta pisan / nora anyênyongah ati //

tuhu gunaning pandulu / lênglênge tarlèn ningali / ing dyah kang endah ing warna / ya iku kang diarani / sajatining warna rupa / kang murwèng warna sakalir //

kabèh kapurba wong ayu / sakèhing sarwa dumadi / kaanan ing alam donya / sanyatane amung dadi / praboting wanodya endah / kanggo pangrêngganing warni //

manawa buwana suwung / kasêpèn wong ayu pêsthi / apês kabèh samubarang / rajabrana êmas picis / tistis sonya tanpa karya / kaya cangkok sêpi isi //

sêmu sipating wong ayu / kang mangrèh karêping urip / pamurwaning sangkan paran / anèng dyah endahing warni / marma mau winarsita / satuhu wong kang linuwih //

lire iyèku wong ayu / nanging yèn utamèng wangsit / satêmêne klèru tômpa / tumpang suh ing jarwa wêrdi / wêwadining waradarma / durung purna pranata di //

de ta têgêse wong ayu / ya wong rahayu ing ati / tanna jalu tan wanita / kang watak wantu utami / tumamèng rèh kabêcikan / kêna ingaran wong luwih //

liring luwih lah iyèku / kayêktèning laku bêcik / gung agawe kabêcikan / lan mulus wus tanpa ciri / cacading bêcik piala / yèn wong linuwih wus kalis //

kalanturing catur lacut / ngira katranganing ati / mring dyah kang endah ing warna / winardi kodrating urip / kang wus têtêp tanpa owah / miwah wus datanpa gingsir //

ing basa mônca sinêbut / kang wus ngêrti jare natir / têka bênêr anggêr janma / kabèh bae andarbèni / ing kodrat rasaning mripat / padha dhêmên barang bêcik //

kang mangkono iku dudu / kodrat sanyataning ati / titikaning kanyataan / ana ugêring kayêktin / yèn siningkur karya rusak / karya lara karya pati //

patitise alah wuwus / wawasên lan mawa saksi / sayêktine kanyataan / anôndhaa wong sawiji / jalu nêdhêng môngsa mudha / ngudhar pambabar birai //

ênggonna mungging wana gung / gangana nadhah lan guling / ukur catur dasa dina / dinohan minum myang bukti / dyan tuduhna wanodyendah / miwah sotya kancana di //

êndi kang sinêdyèng kayun / kariyin yèku kayêktin / tandhaning ati sanyata / nyatuhu karsèng Hyang Sukci / cocog mung mring kabêcikan / kinawulan ngawal ngakir //

purwita jatining guru / nênali nala kaluwih / pracaya kawasèng Suksma / natas lêkasing tyas silib / tatag panggahing panggodha / kumlaras tri lawang pati //Sengkalan: kumlaras tri lawang pati (1937 A.D., 1868 A.J.).

Panjurung.

--- 457 ---

Bab Kasarasan

Cariyos Sugêngipun Professor Dr. Lord Lister

Sambêtipun Kajawèn nomêr 29

Manawi lambenipun tatu botên dipun jait, amargi saking risak, suwèk pating cruwil utawi ajur, sagêdipun tatu wau saras sarana daging saking nglêbêt thukul (mundul), sanajan rêndhêt sangêt tatu makatên punika sagêd rapêt lan saras.

Tatu ingkang sampun katularadkatularan. rêrêgêd (infectie) sagêd ugi saras, nanging langkung rêndhêt sangêt, amargi ing lêbêt tatu kêdah sagêd thukul daging enggal. Upami tatu ingkang sampun kenging rêgêd utawi ngêdalakên nanah punika dipun jait, nanahipun botên sagêd mêdal, inggih mêsthi ambêbayani. Kajawi punika manawi nanah wau ambabrak, inggih langkung ambêbayani, sagêd adamêl tiwas.

Dr. Lister anggènipun anjampèni tatu-tatu wau manut pamanggihipun Tuwan Pasteur ingkang sampun nyata, yèn toya ombèn-ombèn, anggur, susu, têtêdhan daging lan sanès-sanèsipun kalêbêtan utawi katularan rêrêgêd (baksil) punika dados kêcut mambêt utawi bosok.

Tuwan Pasteur nêrangakên samôngsa barang-barang wau sagêd dipun icali rêrêgêdipun utawi sagêd anjagi botên ngantos kalêbêtan rêrêgêd, barang-barang wau inggih botên sagêd kêcut, botên mambêt utawi botên bosok. Yèn badhe ngicali rêrêgêd ingkang wontên ing toya wau sagêd kalampahan sarana dipun bêntèri utawi kagodhog, kajawi makatên wadhahipun: gêndul, blèg utawi sanèsipun ugi kêdah rêsik saèstu.

Upami pranatan mêjahi baksil ing toya ingkang sarana dipun bêntèri wau dipun trapakên dhatêng pangrimat utawi ngicali rêrêgêd ing tatu punika, inggih botên mathuk utawi botên sagêd dipun cakakên, amargi tatu ing kulit daging kenging toya bêntèr têmtu dados risak.

Mila Dr. Lister ngupados jampi toya, ingkang sagêd mêjahi baksil ingkang wontên ing tatu, nanging ingkang botên damêl risakipun tatu wau.

Jampi warni toya ingkang kenging kangge ngrêsiki utawi mêjahi baksil ing tatu punika, inggih punika jejeran (oplossing) carbolzuur, ingkang ing wêkdal samantên kangge ngicali gônda ingkang awon (mambêt) ing pêcêrèn utawi ing kalèn-kalèn.

Dr. Lister sampun ngyêktosi, yèn wontên perangan badan, balung ingkang putung kanthi wontên tatunipun (gecompliceerde breuk) mêsthi sagêd kalêbêtan rêrêgêd (baksil) dados manawi badhe saras dangu sangêt, malah ingkang kathah aniwasi.

Mila Dr. Lister asring damêl, operatie balung ingkang putung kanthi tatu, sanajan anggènipun motong sae manut pranatan utawi pratikêlipun damêl operatie, mêksa ingkang sakit dados tiwas, upami sagêda saras inggih dangu sangêt. Dene manawi wontên balung putung botên kanthi tatu (ongecompliceerde breuk) punika mêsthi sagêd saras wilujêng. Dados [Da...]

--- 458 ---

[...dos] sampun cêtha sangêt samôngsa wontên tatu (kulit, daging risak) punika gampil sangêt katularan rêrêgêd (baksil) amargi tatu wau mêsthi gêpokan kalihan hawa utawi barang sanèsipun ingkang rêgêd wontên baksilipun.

Ing taun 1865 Dr. Lister nyobi sadaya balung ingkang putung kanthi tatu (gecompliceerde breuk), tatunipun dipun rêsiki, dipun usap-usapi carbolzuur opl. Lan balêbêtipun dipun têlêsi jampi punika, pinanggihipun tatu sagêd saras, sae, botên ngawontênakên infectie.

Pamanggihipun Tuwan Pasteur, yèn ing pundi-pundi panggenan, ing hawa wontên rêrêgêdipun (baksil) punika pancèn lêrês, sampun nyata saèstu. Mila Dr. Lister lajêng damêl undhang-undhang supados ing griya-griya sakit kêdah ingkang rêsik saèstu, verpleger, vroedvrouw kalihan dhoktêripun pisan mêsthi kêdah rêsikan saèstu, tangan lan panganggenipun utawi sadaya barang ingkang gêpokan kalihan ingkang sakit kêdah dipun jagi rêsikipun, prabot potong (instrument) kêdah dipun godhog.

Kalampahan ing griya sakit bawahipun Dr. Lister, 2 taun dipun tata makatên, pinanggihipun botên wontên sêsakit ingkang thukul sabab saking infectie, botên wontên wondroos utawi sanèsipun sêsakit sasaminipun.

Asepsis dados anti-sepsis.

Dr. Lister nyatakakên piyambak ing hawa (lucht) punika pancèn wontên rêrêgêd (baksil) ingkang sagêd nulari dhatêng tatu, ngantos ingkang kataman sêsakit wau lajêng sakit bêntèr lan tatunipun abuh abrit, kraos sakit sênut-sênut (wondinfectie).

Tiyang èstri ingkang mêntas gadhah anak ing pranakan (baarmoeder) wontên tatu-tatunipun, punika manawi kalêbêtan rêrêgêd (baksil), inggih dados infectie sagêd ambêbayani.

Limrahipun tiyang èstri ingkang saras sasampunipun anglairakên bayi ngêdalakên êrah (kraamvloed) botên mambêt utawi mambêt êrah amis sakêdhik. Nanging samôngsa êrah wau mambêt botên eca utawi bacin punika nandhakakên wadhah bayi ingkang wontên tatu-tatunipun kalêbêtan baksil lajêng nukulakên bêntèr, dados tiyang èstri wau kenging sêsakit (infectie) ingkang jalaran baksil katut ing rêrah utawi baksil waradin ing êrah lajêng sagêd nukulakên bloedvergiftiging ingkang sagêd ambêbayani saèstu. Badhe kasambêtan.

R. Sumadirja. Ind. Arts. Sêmarang.

Wangsulan Redhaksi

R.S. ing Banyumas. Karangan kados makatên punika sampun kêrêp kêsrambah, tuwin manawi kintun karangan sampun kasêrat aksara Latin.

Tuwan P.Th.d.Gr. ing Sêmarang. Ngintuna karangan basa Jawi.

Tuwan S. ing P.P. karangan kasêrata aksara Jawi, kajawi tumrap Taman Bocah. Tumraping ngarang botên wontên pakèwêtipun. Gambar sampun kasèp.

Tuwan G.H. ing Tlaga. Ingkang dipun kajêngakên jêbug jambe.

Lêngganan nomêr 4484 ing Sumbêrêja. Miturut kêkancingan nagari tanggal 30 Sèptèmbêr 1936 No. 31, tumrap darah nata ingkang angsal sêsêbutan radèn punika ingkang pancêr jalêr èstri dumugi turun nêm. Langkungipun saking nêm turunan, namung mêndhêt ingkang saking pancêr jalêr. Tumrap darah bupati sasampuning kalih turunan saking jalêr èstri, salajêngipun namung saking pancêr jalêr. Kados katrangan punika sampun nyêkapi kados ingkang panjênêngan karsakakên.

--- 459 ---

S(OLOSCHE) R(ADIO) V(EREENIGING)

Kula pun Pênthul, botên niyat umuk, nanging mila nyata, kula sampun dangu anggèn kula ngingah radhio, inggih punika sasampunipun ing Surakarta dipun wontênakên pakêmpalan ingkang sêdyanipun adamêl sèndhêr piyambak. Mênggah ingkang dipun wastani: sèndhêr wau, satunggiling pirantos ingkang kangge ngintunakên lan nyêbarakên sadhengahing suwara dhatêng ing pundi-pundi panggenan. Dene pakêmpalan wau, dipun wastani: S(olosche) R(adio) V(ereeniging).

Sadèrèngipun wontên S.R.V. matur blaka, kula botên sudi sayêktos dhatêng radhio, awit ing kala samantên ingkang kamirêngan ing kuping ngêmungakên suwara ingkang pating prèpèt, pating brobot, mulêsakên kêbuk kemawon. Nanging inggih botên kenging dipun paibên, awit ing wêkdal punika ing saindênging tanahipun piyambak punika ngêmungakên wontên sèndhêr kilenan, ingkang dipun baboni dening: N.I.R.O.M. saha ingkang angsal pitulungan sathekruk saking nagari. Dados sampun têmtu ingkang dipun kintunakên lan dipun sêbarakên wau, inggih namung suwara-suwara ingkang sêkeca tumrap tiyang kilenan, namung umumipun mulêsakên tumrap tiyang bôngsa wetanan.

Ing wêkdal punika inggih sampun wontên têtiyang bôngsa wetanan ingkang sampun ngingah radhio, nanging ingkang kathah-kathah inggih bôngsa wetanan ingkang sampun karêm dhatêng: mêrtega lan kèju, tuwin... jogèd rangkul. Nanging umumipun, botên namung botên rêmên kemawon, malah gadhah sêngit, ngantos ing kala samantên asring kalampahan, tiyang sawêg sakeca-sakeca masang radhio, lajêng dipun... sawati sela dening tangganipun.

Kocapa, sarêng S.R.V. ngadêg saha lajêng ngintunakên suwara ingkang pating klênit, pating klêthik, ingkang sayêktos amranani raos lan manahing bôngsa kula umumipun, langkung-langkung bôngsa Jawi, sanalika punika lajêng wontên ebah-ebahan agêng ing sanubarining bôngsa kula sadaya. Wiwit punika lajêng kathah ingkang tuwuh kêpenginipun badhe ngingah radhio piyambak.

Ing ngajêng sampun kacariyosakên, bilih N.I.R.O.M. angsal pitulungan saking nagari sathekruk. Mênggah wujuding pitulungan wau: sintên ingkang gadhah radhio, dipun wajibakên dening nagari supados ambayar samantên rupiyah dhatêng N.I.R.O.M. kanthi sêrat kêkancingan: sintên ingkang botên nêtêpi kuwajiban ingkang makatên wau, badhe angsal paukuman. Jalaran wontênipun pranatan nagari ingkang samantên punika: saya kathah têtiyang ingkang anggadhahi radhio, angsal-angsalanipun [angsal-ang...]

--- 460 ---

[...salanipun] N.I.R.O.M. inggih saya tumpuk-tumpuk.

Dhasar pangrèhipun N.I.R.O.M. punika mila waspada lan waskitha, ing sêmu mangrêtos dhatêng glagating têtiyang bôngsa kula punika. Salaminipun dèrèng wontên lagu-lagu tuwin suwara ingkang dados pakarêmanipun têtiyang siti, kasêbarakên ing awang-awang, kados botên badhe kathah têtiyang siti ingkang badhe ngingah radhio. Amila sarêng wontên pawartos bilih ing Surakarta wontên ada-ada badhe ngêdêgakên sèndhêr piyambak, ingkang wohipun lajêng nama: S.R.V. wau, bingahipun N.I.R.O.M. inggih sajagad abuh, saha sanalika anyagahi suka subsidhi (pitulungan arta) samantên atus rupiyah ing dalêm sawulanipun. Botên amung makatên kemawon, malah gadhah prajangji: manawi warganing pakêmpalan wau sampun langkung sêmantên èwu, subsidhinipun badhe dipun wêwahi ngantos samantên atus rupiyah.

Jalaran saking prajangjianipun N.I.R.O.M. ingkang samantên saenipun, kados botên kenging dipun paibên, bilih bingah saha gênging manahipun pangrèh S.R.V. tanpa upami. Amila inggih lajêng tumuntên cekat-cèkêt tumandang damêl, botên amung lajêng ngawontênakên sèndhêr ingkang suwaranipun sagêd kamirêngan ing saindênging tanahipun piyambak ngriki, utawi pangrèhipun adamêl propagandhah dhatêng ing pundi-pundi panggenan, nanging ugi lajêng angintunakên suwara-suwara tuwin lagu-lagu ingkang pilihan sayêktos, sarta ugi ingkang dipun karêmi dening têtiyang bôngsa wetanan umumipun. Kados ta: gêndhing-gêndhing Jawi inggih nomêr wahid, kroncong inggih nomêr satu, dalasan gambus inggih gambus: indhê klas.

Wiwit punika inggih lajêng kumrubut têtiyang bôngsa kula ingkang tumbas radhio, langkung-langkung sarêng ing panggenan sanès-sanèsipun ugi dipun wontênakên sèndhêr wetanan, kados ta ing: Ngayogyakarta, Bandhung, Bêtawi, Surabaya, malah ing Surakarta piyambak ugi dipun wontêni sèndhêr wetanan malih, inggih punika ingkang dipun wastani: S(iaran) R(adio) I(ndonesia) utawi kacêkak: Sri (Sri). Dene sèndhêr wetanan ingkang kasêbut kantun punika, ancasipun botên nêdya ngupados kauntungan, ngêmungakên ngupados nama, dados cocog kalihan namanipun: Sri.

Miturut pawartos, kajawi: Sri, sadaya sèndhêr wau sami angsal subsidhi saking N.I.R.O.M. punika satunggiling tindak ingkang ambuktèkakên waskitha lan waspadaning N.I.R.O.M. awit sajatosipun inggih sèndhêr-sèndhêr wau ingkang anjalari saya kathahing bôngsa wetanan sami numbas radhio wau, ingkang ugi atêgês: saya kathahing arta ingkang lumêbêt ing kasing N.I.R.O.M.

Bawaning N.I.R.O.M. punika satunggiling badan panggaotan, kados nama limrah bilih ingkang dipun udi ngêmungakên: bathi akèh. Dados manawi ing têmbe botên anêtêpi jangjinipun dhatêng S.R.V., inggih punika prajangjianipun ingkang makatên: yèn wargane S.R.V. wis samene èwu, subsidhine tak undhaki samene atus, nanging kosokwangsulipun subsidhi malah badhe dipun suda samantên, punika N.I.R.O.M. botên kenging kadakwa: cidra ing jangji, nanging kêdah

--- 461 ---

dipun wastani: pintêr golèk bathi.

Dhasar pangrèhing S.R.V. punika pancèn anggadhahi watak satriya, amila wontên rêmbagipun N.I.R.O.M. ingkang makatên punika, adêgipun: aluwung ora canthuk lawung karo N.I.R.O.M. babarpisan, katimbang dibalenjani rêmbug.

Ing kala punika kabaripun S.R.V. angsal kônca ingkang nunggil sèh. Têgêsipun: kathah sèndhêr wetanan ingkang rujuk dhatêng adêgipun S.R.V.- sampun têmtu botên kalêbêt: Sri, awit kados ingkang sampun kacariyosakên ngajêng: Sri botên bêtah arta, sarta kabaripun mila botên angsal subsidhi saking N.I.R.O.M. amila sèndhêr wetanan badhe anjêmpalika kaping sanga likur sadintên, Sri inggih namung: pring, pring kemawon. Mupakat, - inggih adêgipun: S.R.V. aluwung ora canthuk lawung karo N.I.R.O.M. katimbang dibalenjani rêmbug. S.R.V. sampun têmtu agêng manahipun, dene angsal kônca wau, sanadyan ing wusananipun wontên ugi sèndhêr ingkang santun salaga, saha gadhah adêgan makatên: aluwung sêga wadhang lawuh gêrèh kang wis ana ing ngomah, katimbang sêga bêstik kang isih ana ing rèsturan. Têgêsipun: sêthithik-sêthithik, subsidhi N.I.R.O.M. lu- ma- yan.

Ing wusana saèstu kalampahan, sêsrawunganipun N.I.R.O.M. lan S.R.V. lajêng pêdhot, sampun têmtu kajawi ingkang gadhah adêgan: sathithik-sathithik, lumayan, wau.

Jalaran pêdhoting sêsrawunganipun N.I.R.O.M. kalihan S.R.V. wau, pangraosipun sawênèhing tiyang: saiki N.I.R.O.M. masa bisa angirimake gêndhing Jawa sing galik-galik, utawa lagu wetanan liyane sing turut usuk. Ing ngriku tiyang wau kasupèn dhatêng: Sri, ingkang adêgipun: botên nêdya pados kauntungan, ngêmungakên pados nama. Lan namanipun kemawon sampun: Sri, inggih kêdah sagêd pêparing kudhung dhatêng tiyang kêbênteran, paring têkên tiyang kêlunyon, lan sasaminipun. Amila sarêng anguningani N.I.R.O.M. wontên ing salêbêting ribêt wau, dados inggih sampun dados wajibipun Sri paring pitulungan wau, bokmanawi malah sarana: lêlahanan.

Dados S.R.V. kêcêlik, saking kaprawiranipun wau, ngêmohi pitulunganing liyan, dupèh kaanggêp: cidra ing jangji. Samangke ancasipun: nêdya gêsang sarana kêkiyatanipun piyambak, sarta anjagèkakên kasêtyaning para warganipun, saha anjagèkakên, bilih bangsanipun piyambak mangrêtos dhatêng kabêtahan, amila têmtunipun ugi botên badhe sami negakakên dhatêng adêging S.R.V. ingkang tansah ambudidaya adamêl marêming manahipun bôngsa kula sadaya punika.

Mugi-mugi S.R.V. sampun ngantos ngambali kêcêlik malih, makatên mênggah ingkang dados pangajêng-ajêngipun pun:

Pênthul.

--- 462 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès

TANAH NGRIKI.

[Grafik]

Ingkang Bupati ing Surabaya. Inginggil punika ngêwrat gambaripun suwargi ingkang Bupati ing Surabaya, ingkang kawartosakên dèrèng dangu punika seda, kados ingkang sampun kawartosakên Kajawèn nêmbe kêpêngkêr.

Inggah-inggahan tuwin ingsêr-ingsêran. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Wetan R.P. Sumêjo Notonêgoro, wêdana ing Prajêgan, Babupatèn Bondowoso, Paresidenan Bêsuki, kalorod dados asistèn wêdana Paresidenan Malang. Sunari Sastrohadisuryo, A.I.B. nindakakên padamêlan mantri Kabupatèn Nganjuk, Paresidenan Kêdiri. R. Suroyo Jogokaryo A.I.B. nindakakên padamêlan mantri pulisi Paresidenan Bojonêgoro, dados A.I.B. nindakakên padamêlan mantri Kabupatèn Nganjuk, Paresidenan Kêdiri. Sukarman, juru sêrat klas 1 Paresidenan Bojonêgoro, dados mantri pulisi ParesidnanParesidenan. Bojonêgoro. R. Abubakar ugi nama R. Kartowinoto, wêdana ing Gading, Kabupatèn Probolinggo, Paresidenan Malang, mingsêr dados wêdana ing Tanggul, Kabupatèn Jêmbêr, Paresidenan Bêsuki.

Ngudi têtêping darah Madura. Ing Pamêkasan mêntas wontên parêpataning para darah Madura ingkang nama "Comite Perbaikan Nasib Kaum Bangsawan Madura", manggèn ing dalêmipun R. Aryo Condrosutejo, kathah para darah ingkang sami dhatêng mêrlokakên anjênêngi parêpatan wau, ingkang Bupati Pamêkasan ugi rawuh anjumênêngi. Adêging comite wau saking kêmpaling pakêmpalan bangsawan bond Bangkalan, Panêmbahan Somala SumênpSumênêp. tuwin F.B. Sidomukti. Babadan punika badhe tumindak ngudi ing bab saening rakyat Madura punapadene tumraping para darah. Ingriku badhe ngawontênakên rêmbag ingkang gêgayutan kalihan kawontênaning darah Madura. Ing kala punika wontên wêdhar sabdanipun putri R. Ayu Suryokusumo, ingkang suraosipun nênangi dhatêng raos ing bab gêsanging darah Madura, tuwin anênangi dhatêng pamanahanipun ingkang sami mirêngakên.

Pabrik lisah klêntik ing Rangkasbitung. Miturut wartos N.V. Handel Mij. Java-Cairo ing Bêtawi angsal palilah ngêdêgakên pabrik lisah klêntik wontên ing Rangkasbitung, pawitaning pabrik wau badhe mêndhêt saking Cairo. Ukuraning pandamêlipun badhe sagêd ngêdalakên lisah ing dalêm sadintên wontên 500 dumugi 1000 blèg. Ingkang dados directeur Tuwan Salim Mashabi.

Cobèn-cobèn nglêmêsakên sêrat agave. Ing bab tumindaking cobèn-cobèn nglêmêsakên sêrat agave saking pamanggihipun Tuwan Horst ingkang katindakakên wontên ing Cipinang sagêd pinanggih sae. Sêrat wau kenging kangge badhe rasukan campuran kalihan kapas. Badhe punika kajawi mirah ugi langkung kiyat. Têtandhinganing rêgi, kapas sakilo sarupiyah, agave namung sangang sèn. Ing taun punika kintên-kintên sampun wontên tiyang ukuman 50.000 ingkang sagêd ngangge badhe punika. Salajêngipun ngangkah supados badhe punika sagêd dipun angge upas-upas kantor gupêrmèn sapanunggilanipun.

Tosan sêpuh dados sabab. Jalaran saking pajênging tosan sêpuh, anjalari tuwuhing tindak kadurjanan. Ingkang pinanggih ing Ngayogya sampun botên pilih awarni punapa kemawon, tosan-tosan prabot sêpur ingkang kenging kapêndhêt inggih sami ical. Kathah durjananipun ingkang sagêd kêcêpêng, nanging tukangipun tadhah botên. Para dagang babagan mêsin sami badhe ngawontênakên parêpatan ing Bêtawi, pêrlu ngrêmbag badhe panyadening barang ingkang sampun botên kangge. Wontênipun makatên amargi parentah ngawontênakên watêsan bab panyadening tosan sêpuh. Amargi awisan wau ugi angèngingi babagan panyade tosan ingkang dados padagangan.

Guru sakit untu. Jalaran saking wangsulipun Dr. H.H.Th.A. Bor, doktêr partkêlir babagan untu ing Bêtawi ingkang dados guru wontên pamulangan luhur doktêr, ing salêbêtipun dèrèng wontên gêgêntosipun, ingkang kaangkat dados wêwakil Tuwan Ouw Eng Liang, Ind. Arts ing Bêtawi.

Pakêmpalan mitulungi tiyang miskin ing Malang. Kala wiwitaning wulan Maart kêpêngkêr punika ing Malang wontên pakêmpalan ingkang sêdyanipun mitulungi dhatêng para tiyang miskin, tindaking pakêmpalan wau gêgayutan kalihan gemeente. Ingkang dados pangarsaning pakêmpalan R. Sanyoto.

Rawuh ing klênthèng Boen-Bio. Kala nyonyah gupêrnur jendral tuwin putrinipun wontên ing Surabaya kaparêng rawuh ing klênthèng Boen-Bio. Rawuh dalêm wau tinampi ing golongan Tionghoa warni-warni ingkang kadhapuk comite. Punapa ingkang dados pandangunipun nyonyah gupêrnur jendral dipun aturi katrangan ing Tuwan Liem Hwie Giap, saya sarêng andangu aksara-aksara Tionghoa ingkang wontên ingriku, sami dipun têgêsi cêtha. Putrinipun K.T. Ingkang Wicaksana kaparêng anggambar kawontênan ingriku warni-warni. Nyonyah Gupêrnur Jendral dipun caosi album isi gambar-gambar kawontênanipun ing Boen-Bio ngriku.

--- 463 ---

Nglêmpakakên para ingkang sêtya ing wajib. Ing wêkdal punika tumrap golongan pangrèh praja sawêg nglêmpakakên nama-namaning punggawa praja wiwit pangkat alit ngantos dumugi ingkang pangkat agêng ingkang sami gadhah labêt agêng dhatêng Nagari. Pêrlu badhe kasuwunakên ganjaran bintang nyarêngi pikramèn dalêm Rajaputri Yuliana.

Maargya jumênêngan Pakualam. Benjing tanggal 19 wulan punika pakêmpalan bal-balan Browijoyo badhe ngawontênakên têtandhingan manggèn ing stadion Sêntul, kangge maargya jumênêngan dalêm K.G.P.A.A. Pakualam. Mêngsahipun kalihan Indonesia Muda, ing Surakarta, ingkang miwiti nêndhang panjênêngan dalêm K.G.P.A.A. Prabu Suryodilogo.

Manggih barang-barang kina. Wontên wartos. Têtiyang ing sacêlakipun kabudidayan Selakaton, Purworêjo, sami manggih rêca alit-alit tuwin barang sanès-sanèsipun ingkang sami barang kina. Barang-barang wau kathah ingkang dipun sade dhatêng sanès panggenan. Ing papan ngriku ugi pinanggih wontên undhak-undhakan ingkang mujudakên bilih ingriku punika tilas candhi.

Uwos ing tanah ngriki. Jalaran saking wontêning awisan dhatênging uwos saking tanah ngamanca dhatêng tanah ngriki, para sudagar uwos ing Singapura tuwin Pênang gadhah panyuwun supados sampun dipun kêncêngi sangêt. Wontênipun parentah angawisi lêbêting uwos saking tanah ngamanca, amargi panenan ing taun 1936 sampun nyêkapi kangge satanah ngriki. Dados awisan punika atêgês damêl kawrataning para sudagar uwos ing Singapura, Pênang tuwin Siam. Dene karsaning parentah, supados tanah ngriki sagêda madêg piyambak ing bab babagan uwos.

Pang Oversea Chinese Banking Corporation. Ing Surabaya mêntas wontên bikakan bank enggal, inggih punika panging Oversea Chinese Banking Corporation. Kathah ingkang sami anjênêngi. Tamu-tamu wau ingkang kathah sami golonganing sudagar-sudagar agêng. Tumrap golongan sanès, inggih punika pangagêng militèr, asistèn residèn, consul Jêrman, ambtenaar economische zaken, babagan pajêg, wêwakiling bank-bank tuwin sanès-sanèsipun. Makatên ugi wêwakiling sêrat-sêrat kabar. Bank punika manggèn ing Kêmbang Jêpun, tilas Tiong Hoa Bank. Tindaking bank punika botên beda kados bank sanès-sanèsipun.

Pindhahan ingkang wigatos. Wêdana ing Cibarusa, kapindhah dhatêng Ujêngbrung.Ujungbrung. Wêdana ing Ujungbrung kapindhah dhatêng Cibarusa. Mantri pulisi R. Kartadisastra saking Bandung kapindhah dhatêng Cibarusan. Ingkang sami kapindhah dhatêng Cibarusa wau sami kapilih saking anggèning nyêkapi dhatêng padamêlan babagan kadurjanan, tuwin pêrlu badhe nindakakên damêl jalaran rêsahipun ing Cibarusa.

Rêrêsah ing Cibarusa. Ing bab wontênngwontêning. rêrêsah ing Cibarusa pinanggih ngantos damêl orêg, nanging sapunika sampun kathah durjananipun ingkang kêcêpêng, têtiyangipun siti ing kanan keringipun ngriku sampun sami têntrêm. Gupêrnur Jawi Kilèn mêntas parêpatan kalihan para pangrèh praja tuwin wd. Commandant 1e divisie staf tuwin commandant marechaussee, ngrêmbag bab pangudi sirnaning koyok ing sawetan Bêtawi. Parêpatan wau ugi sêsarêngan kalihan residen-residen Bêtawi, Bogor, asistèn residen Mr. Cornelis, Bogor tuwin Krawang, punapadene para bupatinipun. Kênthêling rêmbag badhe anglajêngakên tumindaking pajagèn tatatêntrêm saking golongan militèr tuwin pulisi.

[Grafik]

Nyêpêng koyok ing Cibarusa. Satunggiling golongan marsose saêlèr Cibarusa, Bogor, sagêd nyêpêng durjana koyok 2, tumrap golongan sanèsipun malih anggropyok panggenan durjana ing antawising Cibarusa kalihan Pangkalan, nanging durjananipun sampun angoncati, ewasamantên taksih sagêd nyêpêng tiyang 3. Durjananipun sami nutut. Sasampunipun kacêpêng, têtiyang ingriku sami têntrêm, saha sagêd gampil angsal katrangan saking têtiyang ingriku, ingkang rumiyin namung sarwa ajrih. Asistèn wêdana ing Cileungsi sagêd nyêpêng benggoling durjana nama Paih, salajêngipun asistèn wêdana wau sagêd nyêpêng durjana malih 5. Inginggil punika gambaripun para durjana ingkang kacêpêng.

EROPA

Wadya gêgana Italie. Kala Italie pêrang kalihan Ngabêsi, nglampahakên motor mabur militèr 500. Tumindakipun anggegana langkung saking 7500 rambahan, wontên motor mabur 259 karisakan, 8 ingkang dhawah jalaran dipun sanjata ing mêngsah. Juru nglampahakên ingkang tiwas 86.

ASIA

Pest ing Tiongkok. Sumêbaring sêsakit pest ing Welan sampun dumugi têba 50 mil sawetan Amoy, tiyang ingkang katrajang sampun langkung 200. Sêsakit punika dèrèng katingal dipun tanggulangi. Tiyang sakit ingkang nêmbe dhatêng ing Amoy lajêng dipun lêbêtakên dhatêng Quarantaine, lajêng tiwas. Pangagêng-pangagêng ing Fukien nêdha pitulungan dhatêng Nanking.

Tilar ingkang damêl kasujanan. Satunggiling doktêr bangsa Formosa ingkang manggèn ing Anpu, nama Lin Wen Fung, tilar jalaran saking longonsteking. Tumrap ingkang wajib sampun nindakakên papriksan, pinanggihipun nyata jalaran sakit makatên wau. Nanging bab punika consul Jêpan ing Swatow dèrèng narimah, lajêng kintun sêrat dhatêng bestuur gemeente Swatow, mastani bilih tilaring doktêr wau nyalawados. Salajêngipun dados papriksan kanthi dipun bêdhèl.

Darma 10.000 dollar. Kawartosakên tuwan Auw Boen Haw ing Singapura, darma arta 10.000 dollar kangge kasangsaran jalaran kaluwèn ing Szechuan.

--- 464 ---

Wêwaosan

Saribang

Pêpiridan saking buku karanganipun Baronesse Orczy

50

Salajêngipun Sêr Blakêne anglajêngakên pangandikanipun makatên: Wah, kados guwa pêtêng saèstu ngriki punika, rak inggih, ta. Sasampunipun ngandika makatên wau, Sêr Blakêne lajêng anggèrèt kursi mapan lênggah, sarta narik piring tumut nyidhuk sopipun, klayan ngandika makatên: Kula rak inggih kaparêng andhèrèk nêdha, ta. Sêmunipun pun Brogar samangke sawêg lèyèh-lèyèh.

Kanthi sasêkecanipun Sêr Blakêne lajêng dhahar sop sarta ngêsok anggur piyambak.

Ing kala punika Sopêlin umatur: Sayêktos adamêl bingahing manah kula, dene kula sagêd pinanggih kalihan panjênêngan, Sêr Blakêne, sampun pisan andadosakên panggalih panjênêngan, sajatosipun kula gadhah pangintên, manawi panjênêngan samangke wontên ing Londhên, ujug-ujug pinanggih panjênêngan wontên ing ngriki punika, ingkang adamêl kagèt kula.

Klayan mèsêm Sêr Blakêne amangsuli: Lêrês, lêrês, inggih mila makatên, anggèn panjênêngan lajêng kagèt punika, rak inggih, ta. Tuwan Sambêrtin.

Sopêlin: Nami kula dede Sambêrtin, nanging: Sopêlin.

Sêr Blakêne: Nyuwun pangapuntên ingkang kathah. Kula kalintu, sampun têmtu manawi asma panjênêngan punika: Sopêlin. Namining tiyang mônca punika kula asring sok kasupèn kemawon.

Sêr Blakêne anglajêngakên anggènipun dhahar sop. Anggènipun dhahar wau katingal eca sangêt, kadosdene anggènipun tindakan saking: Kale lajêng dhatêng lusmèn ngriku punika, ngêmungakên badhe dhahar sop sêsarêng kalihan mêngsahipun bêbuyutan.

Salêbêtipun Lèdhi Blakêne mriksani solah-tingkahipun ingkang raka punapadene Sopêlin wau, ing batos tansah ngungun ing panggalih, dene ingkang raka botên nandangi pun Sopêlin. Awit manawi nitik polatanipun Sêr Blakêne, sanadyan ing ngriku katingalipun namung anggujêng-gujêng, nanging sajatosipun katingal sêngitipun dhatêng mêngsahipun wau. Tumrap sariranipun, ingkang pancèn gagah prakosa, kados botên rêkaos anggènipun badhe anandangi Sopêlin, ingkang ngantos botên sagêd ebah tuwin botên kumêcap, ingkang anjalari Sêr Blakêne lajêng sagêd oncat saking ngriku kanthi wilujêng.

Nanging botên makatên panggalihipun Sêr Blakêne, ingkang asring manggih bêbaya ingkang langkung nguwatosi tinimbang punika. Lêrês, mila inggih botên angèl anggènipun badhe ambungkêm Sopêlin punika, nanging ingkang makatên wau, manawi botên kalêrêsan, bêbaya ingkang angancam sariranipun malah sagêd ugi saya agêng. Awit sagêd ugi, bokmanawi ing ngriku kathah punggawanipun juru sandi ingkang sami andhêlik. Makatên ugi, sintên ingkang sumêrêp, bilih Brogar punika ugi punggawanipun. Dados manawi Sopêlin suka sasmita sakêdhik kemawon, bokmanawi sakêdhap kemawon Sêr Blakêne lajêng abên ajêng kalihan mêngsah kalih dasanan. Kawontênan ingkang kados makatên punika, kêdah dipun singkiri, awit sêdyanipun Sêr Blakêne punika badhe mitulungi tiyang sanès. Lan punika sampun dados prajangjianipun, sasagêd-sagêd ugi badhe dipun têtêpi. Amila salêbêtipun dhahar sop tuwin ngunjuk anggur wau, tansah anggagas kadospundi akalipun ingkang badhe katindakakên. Salajêngipun Sêr Blakêne sajak ngerang-erang, ngandika makatên:

E, e, kula têka botên mirêng babar pisan, yèn panjênêngan punika jumênêng pandhita, Tuwan Sambêrtin - e, kalalèn - Tuwan Sopêlin.

Sopêlin amangsuli kalayan wel-welan lambenipun. Kula - he - hêm. Namung samantên cariyosipun Sopêlin, lajêng botên sagêd anglajêngakên. Jalaran saking sêmbrana tuwin pangerang-erangipun Sêr Blakêne wau, wusananipun Sopêlin saya bingung manahipun.

Kalayan sasêkecanipun sarta ngêjogi anggur Sêr Blakêne ngandika malih: Wontêna ing pundi, ngagêma kados punapa, kula botên badhe pangling dhatêng panjênêngan, Tuwan Sambêrtin - e, Tuwan Sopêlin. Sanadyan ing samangke jenggot palsu tuwin topi ingkang panjênêngan agêm punika ragi damêl ewahing wujud panjênêngan.

Sopêlin: Punapa inggih nyata makatên pamanggih panjênêngan.

Sêr Blakêne: Tralalah, tralalah, mila nyata, anggèn-anggèn makatên punika sok ngewahi wujuding tiyang. Nanging panjênêngan rak botên duka dhatêng kula, dene kula anyaruwe dhatêng agêm-agêman panjênêngan. Awit punika sanyatanipun sêmbrana...

Sopêlin: O, botên babar pisan -hêm, hêm, kadospundi ingkang garwa, Lèdhi Blakêne, punanapa sugêng. Badhe kasambêtan.

--- [53] ---

Nomêr 14, taun II

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Rêbo

Adining Pangangge

Manawi mirid kawontênanipun ing jaman sapunika, caraning pangangge wanita punika tumraping bôngsa punapa kemawon, wontênipun namung sarwa telad-tinelad, dene mathukipun wontên ing sawangan, kajawi saking raos pakulinan, ugi kadosdene wontên pulungipun, pundi ingkang sampun winastan mathuk, punika lajêng ngêmbyah sintên-sintêna inggih lajêng nelad.

Bab caraning mangangge wau botên wontên ingkang têtêp, sakêdhap-sakêdhap santun gagrag, upaminipun bab sinjang, punika wontên kalanipun sami rêmên mangangge bangsaning latar pêthak, lajêng santun garis miring, mangke santun malih latar cêmêng, salajêngipun tansah santun-sumantun kemawon. Makatên ugi bab rasukan, kajawi dhasaring corak tansah sontên-santun,sontan-santun. bêdhahanipun ugi manut ing gagrag, sintên ingkang botên ngênggèni kêlimrahan ingkang kados makatên wau, dipun wastani tiyang ingkang botên anglênggahi jaman.

[Grafik]

Nanging wontên sawênèh ingkang rêmên angugêmi pangangge cara kina, punika dipun wastani ngêngrêng, malah kangge gêgambaran dados pasêmoning wantèg dhêdhasaraning manah. Sadaya wau sami lêrêsipun, awit pancèn sampun ambêkta dhêdhasar piyambak-piyambak, inggih punika dhêdhasar kilenan tuwin wetanan.

--- 54 ---

Manawi dipun manah makatên tumraping pangangge, punika ugi wontên kalanipun, sakecaning wontên pandulu jalaran saking katarik corak tuwin ulêsipun. Kados ingkang kacêtha ing gambar, punika putri ing Nizam nagari Indhu, pangagêmanipun salugu cara kina, nanging ing ngriku adining sawangan pinanggih wontên ing corak tuwin ulês, ulêsing pangagêman sagêd amatêsiamantêsi. kalayan pakulitanipun. Ing ngriku kenging dipun wastani anggêsangakên raosing sawangan.

Bab Dèwi Wara Srikandhi

Ragi kasèp anggèn kula nyambêti pangandikanipun sadhèrèk Nayarana, awit saking kathahing padamêlan.

Sampun têrang wawasanipun sadhèrèk Nayarana. Ingkang punika kula matur nuwun, dene sadhèrèk Nayarana karsa anyêthakakên mênggahing Dèwi Wara Srikandhi ngantos gambêlang. Pangintên kula botên namung kula piyambak ingkang ngraos marêm, naging tamtunipun kathah sadhèrèk ing panggalih inggih sampun marêm, dene katêranganipun sadhèrèk Nayarana botên kêkirangan satunggal punapa.

Dèwi paraWara. Srikandhi punika têrangipun botên namung ambêg prajurit, nanging ngênggèni kaprawiran ingkang linangkung, tur sang dèwi punika kêndêl.

Tumrapipun tiyang èstri, botêna jaman sapunika, ugêr tiyang ingkang prawira punika utami.

Mênggah bab watak kêndêl punika manawi badhe katiru, ingkang asring sok dados kalajêng-lajêng kêkêndêlên dados nekad. Watak kêndêl kados Dèwi Wara Srikandhi punika pinanggihipun ing kalangan kêputrèn, satunggal satus kemawon sampun elok, tur anggènipun kêndêl punika botên panggah, saya sêpuh saya sabar manahipun, saya anggènipun ngatos-atos sadèrèngipun ngêcakakên damêl.

Gêntos ingkang badhe kula rêmbag, inggih punika: bab para putri ingkang ngasta damêl ing sajawining dalêm.

Kados sampun dados kalimrahan, priyantun putri sapunika ngasta damêl ing sajawining dalêm. Mênggah papan padamêlan ingkang dipun cakakên inggih punika ingkang kathah ing sêkolahan, ing griya sakit, utawi ing kantor. Kintên-kintên ing sadumugining taun 1920, priyantun putri ingkang ngasta damêl dèrèng kathah, awit pamulangan ingkang kaambah ing lare èstri inggih dèrèng sumrambah, mênggaha tanêman sawêg wancinipun dipun dhêdhêr.

Ing antawisipun taun 1920-1930 sêkolahan sampun sami ngêdalakên murid èstri, ingkang pasinaonipun upami wowohan makatên ingkang sampun matêng lajêng dipun undhuh. Ing antawisipun taun wau (1920-1930) wiwitipun sumrambah para putri ngasta damêl dados guru, prudpro utawi dados klèrêk ing kantor. Badhe kasambêtan.

Rukmini.

--- 55 ---

Anjodhokakên Anak Èstri

Kala rumiyin anjodhokakên anak èstri punika gumantung wontên panguwaosipun tiyang sêpuh, têgêsipun: tiyang sêpuhipun ingkang milihakên, lare èstri botên kawênangakên milih jodho kajêngipun piyambak. Tiyang sêpuh ingkang mangrêtos, manawi ngupadosakên jodho anakipun, mawi wêwaton tigang prakawis:

1. Bibit, têgêsipun: sanès turunipun tiyang ingkang gadhah sêsakit nular utawi sêsakit sanèsipun ingkang ambêbayani, supados ing têmbe manawi nurunakên wiji, anakipun sagêda bagas kasarasan, awit bibitipun sae, rêsik.

2. Bèbèt, têgêsipun: turunipun tiyang ingkang sae adat kalakuanipun, supados ing têmbe turunipun dados tiyang ingkang utami.

3. Bobot, têgêsipun: tiyang ingkang sugih, sabotên-botênipun inggih tiyang ingkang botên kacingkrangan sandhang têdha, supados botên rêkaos gêsangipun, jêr tiyang ingkang kacingkrangan sandhang têdha punika gampil kataman pandamêl awon, ingkang jalaran saking kapêksa kangge nyêkapi sandhang têdhanipun.

Saking pangraos kula, wêwaton bab anjodhokakên anak èstri kados ingkang kasêbut ing nginggil wau sampun sae, katêrangan ingkang panjang kados sampun botên prêlu, jêr para maos tamtu sampun sagêd anggalih piyambak.

[Grafik]

Nyi Darmaprawira.

Tiyang sêpuh ingkang anglênggahi sêpuhipun, têgêsipun mangrêtos dhatêng kajêngipun katrêsnan, inggih katrêsnanipun tiyang sêpuh dhatêng anak, akanthi têpa salira, jêr saliranipun sampun anglampahi jêdhodhoan, tamtu botên badhe kalintu malih pamilihing calon anak mantunipun. Sanadyan anak èstri botên kawênangakên milih utawi ngupados piyambak, nanging manawi pamilihing tiyang sêpuhipun sampun lêrês, têgêsipun miturut wêwaton tigang prakawis wau, kula pitados bilih lare èstri botên badhe rumaos gêla, agêngipun ngêmohi dhatêng bojonipun. Bab punika inggih botên prêlu katêrangakên panjang, jêr mênggahing bukti inggih botên kirang-kirang, ingkang para maos sampun angraosakên, inggih asring nyawang. Badhe kasambêtan.

Nyi Darmaprawira, Kêpanjèn - Malang.

--- 56 ---

Pandamêlipun Gudhêg Godhong Sambi

Migunakna kêndhil siti enggal 1 utawi 2 punapa 4, sakajêngipun ingkang ngolah. Mêndhêta godhong sambi ingkang cêkapan nèm sêpuhipun, sabên sakêndhil dipun kêbaki. Sasampunipun rêsik lajêng kadhêplok mumut, nuntên kagodhog ing kêndhil wau, mawi godhong salam, tempe bosok tuwin laos 4 iris. Ngracika bumbunipun 1 sarêm, 2 trasi, 3 brambang, 4 bawang, 5 tumbar, 6 miri 30 iji, 7 kacolok gêndhis jawi sakêdhik, 8 santên dipun piyambakakên, sanèsipun kaulêg lêmbat, bilih sampun umob kasusulakên sarêng.

Nuntên anggodhoga ulam loh: jambal utawi wagal, nanging kêdah ingkang wêdalan bênawi, sadaya balung kalihan rinipun kasingkirna rêsik kantun dagingipun thok, sukur wontên tiganipun saya eca. Manawi sampun umob mawalikan, toya godhogan godhong sambi wau têmtu sampun asat, lajêng kasantunan toya duduh godhogan ulam wau ngantos ngaclopi godhongipun sambi. Manawi ulamipun alit sakêndhil-kêndhilipun kêdah kadekekan kalih. Manawi agêng trêkadhang satunggal kemawon cêkap kangge gudhêg 2-3 kêndhil.

Daging wau sasampuning mumut, kacêmplungakên kaudhak campur kalihan godhongipun sambi, bilih sampun radin nuntên dipun santêni kapara kênthêl, sasampuning duduhipun kantun sakêdhik, kêndhil lajêng dipun silêpi godhong jati têlês, latuning anglo dipun suda agêngipun supados botên sangit utawi gosong, dangunipun anggèning ngêngkrêng ing anglo watawis 4 utawi 5 jam. Godhongipun sambi dados raos ulam loh sadaya.

Pandhaharipun kêlimrah kangge sarapan enjing kalihan kupat. Makatên malih ugi kêlampah gudhêg godhong sambi wau padatan ingkang migunakakên namung para priyantun utawi bangsa luhur ingkang amêng-amêng utawi têdhak papara.

Bok Sastra.

Panyêgah Sampun Ngantos Luntak utawi Watuk ing Salêbêtipun Siram

Para wanita manawi nuju siram sok wontên ingkang kêdah luntak utawi watuk, ngantos ing dhadha kraos sakit. Santuning hawa bêntèr kalihan hawa asrêp ingkang ngêgèt sagêd anjalari watuk kalihan luntak.

Mênggah panyêgahipun, manawi nuju siram ngêmungakên ambêgan mêdal irung kemawon. Hawa ingkang malêbêt mêdal irung dhatêng kêbuk sagêd angêt. Manawi siram ingkang kasiram rumiyin pusêr, lajêng nêmbe kenging anggêbyur, asrêpipun botên ngêgèt. Mugi sami dipun nyatakakên.

Srikanti, Rêksa Saputra.

Kundhèn Blora.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

SRITANJUNG

GANCARAN AKSARA LATIN

Radèn Sidapêksa suwita dhatêng Raja Adikrama ing Sinduraja, kanggêp pangawulanipun, lajêng dipun junjung dados patih. Abdi sanèsipun sami mèri dhatêng kabêgjanipun Radèn Sidapêksa, sami wadul dhatêng sang prabu. Sang prabu ndhahar atur ngamandaka. Radèn Sidapêksa dipun tundhung alus. Sang prabu api-api gêrah, Radèn Sidapêksa kadhawuhan pados jampi, lajêng bidhal. Lampahipun dumugi ing pratapan Pêrangalas, kapanggih sang pandhita Têmbangpetra. Sang tapa ngandika bilih karsanipun sang prabu nyalawados. Radèn Sidapêksa matur badhe andhèrèk martapa, sang pandhita botên marêngakên, awit sang radèn taksih panjang lêlampahanipun malah lajêng kapundhut mantu, kadhaupakên kalihan wayahipun ingkang nama Dèwi Sritanjung, sarta lajêng dipun dhawuhi wangsul dhatêng nagari.

Dumugi nagari Dèwi Sritanjung dados gumunaning ngakathah saking ayunipun. Prabu Adikrama kèlu dhatêng pawartos. Radèn Sidapêksa dipun timbali, dipun utus dhatêng Kaendran mundhi sêrat.

Sapêngkêripun Radèn Sidapêksa, sang prabu rawuh dhatêng kapatihan kapanggih Dèwi Sritanjung. Dèwi Sritanjung badhe dipun garwa botên purun, malah lajêng ngesahi. Sang prabu duka sêmu lingsêm ing panggalih, amargi katampik ing wanita. Lajêng kondur ing kadhaton kanthi cuwaning panggalih.

Sawangsulipun saking Kaendran Radèn Sidapêksa têrus sowan sang prabu ngaturakên lêlampahanipun dipun utus. Ing lair sang prabu katingal suka ing panggalihipun. Lajêng ngandika ingkang botên-botên. Dhandhang diunèkakên kuntul; kuntul diunèkake dhandhang. Dèwi Sritanjung dipun cariyosakên lambangsari kalihan tiyang sanès.

Radèn Sidapêksa, bawanipun taksih mudha, mirêng pangandikanipun sang prabu wau panon sumrêpêt kados katapuk, lajêng pamit mantuk kanthi ngêmu duka.

Sadumuginipun ing dalêm dipun papagakên ingkang garwa, botên ananggapi. Dèwi Sritanjung lajêng ngandharakên tindakipun sang prabu. Radèn Sidapêksa botên pitados, kagalih aturipun ingkang garwa wau botên nyata. Sang dèwi lajêng badhe dipun antukakên dhatêng Pêrangalas.

Sarêng tindakipun Radèn Sidapêksa sagarwa dumugi ing wana, dukanipun dhatêng ingkang garwa botên kenging kaampah malih. Sang dèwi lajêng dipun pêjahi. Nalika badhe dipun suduk, Dèwi Sritanjung matur: manawi rahipun angganda awon, nyata saliranipun pancèn lêpat. Nanging kosok-wangsulipun manawi angganda arum angambar, Radèn Sidapêksa ingkang kirang titi. Radèn Sidapêksa botên angrèwès dhatêng aturing garwa. Ingkang garwa èstu dipun têlasi. Nalika badhe angrêsiki wangkinganipun dhatêng lèpèn, Radèn Sidapêksa priksa yèn kampuhipun kenging rah, sarta ambêtipun wangi. Sanalika Radèn Sidapêksa kagugah katrêsnanipun dhatêng garwa, lajêng gandrung dadakan. Kasupèn bilih ingkang garwa sampun seda.

Kacariyos yitmanipun Dèwi Sritanjung minggah dhatêng kaswargan, kapanggih kalihan Hyang Dwarakala. Sang dèwi lajêng dipun têdahakên dhatêng panggenaning yitma ingkang dipun siksa, jalaran nalika gêsangipun mandamêl ingkang botên lêrês. Sasampunipun tutug anggènipun mriksani, yitmanipun Dèwi Sritanjung lajêng dipun wangsulakên dhatêng raganipun. Dèwi Sritanjung gêsang malih, sarta warninipun saya wêwah ayu. Lajêng wangsul dhatêng pratapan Pêrangalas.

Kocapa Radèn Sidapêksa ingkang tansah anggêtuni sedaning garwa, lajêng dipun rawuhi dening Hyang Nini, punika kalêrês eyangipun Dèwi Sritanjung. Hyang Nini paring dhawuh bilih Dèwi Sritanjung gêsang malih, samangke sampun wangsul dhatêng Pêrangalas. Radèn Sidapêksa bingah sangêt, lajêng nusul ingkang garwa dhatêng pratapan. Sadumuginipun ing pratapan, Radèn Sidapêksa asrah kalêpatan dhatêng Sang Bagawan Têmbangpetra, sang tapa ugi paring pangaksama. Dèwi Sritanjung dipun panggihakên kalihan Radèn Sidapaksa, nanging sang dèwi nyuwun tumbasan: inggih punika sirahing ratunipun, prêlu badhe kangge kèsèd. Radèn Sidapêksa nyagahi lajêng nyuwun pamit dhatêng ingkang eyang sang bagawan. Sang bagawan marêngakên sarta paring pusaka.

Prabu Adikrama mirêng yèn badhe kadhatêngan mêngsah, lajêng mêpak bala. Sasampunipun sami samêkta lajêng sami campuh prang. Bala Sinduraja têtumpêsan. Prabu Adikrama tiwas wontên ing paprangan prajurit ingkang gêsang lajêng sami têluk dhatêng Radèn Sidapêksa. Rajabrana ing Sinduraja dipun jarah rayah kabêkta dhatêng Pêrangalas.

Radèn Sidapêksa lajêng kadhaupakên malih kalihan Dèwi Sritanjung, wilujêng tanpa sambekala.

Makatên cêkakanipun cariyos Sritanjung. Ing sarèhning namung cêkakan, sêngsêming cariyos botên katingal. Mangka saèstunipun cariyos Sritanjung punika kêbak ngês lan kêbak sêngsêm. Kajawi punika ugi wontên piwulangipun ingkang sae sangêt. Kados ta nalika Dèwi Sritanjung ningali kawontênaning yitma ingkang sami nandhang dosa.

Kula aturi nyatakakên maos piyambak. Têmtu marêm. Rêginipun namung f 0.30

WÊDALAN, BALE PUSTAKA, BATAVIA-CENTRUM

Ôngka 32, Rê Lê, 10 Sapar Ehe 1868, 21 April 1937, Taun XII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

Jayaprana - Layonsari

Sajakipun ing tanah Bali saantero kinanipun kalêbêt limrah para pangagêng ngrêsakakên semahipun tiyang sanès. Awonipun tindak ingkang makatên wau sampun gênah, botên namung tumrap tiyang ingkang kataman, nanging inggih tumrap bôngsa saumumipun, mila inggih tansah dados pangrêsulanipun tiyang kathah. Tumrap para pujôngga lêlampahan wau dados panggigahing manahipun, purun nganggit-anggit dongèng kadosdene Sritanjung utawi Jayaprana Layonsari.

Cêkakipun cariyos Sritanjung, kula aturi mriksani papan sanès. Dene cêkakanipun cariyos Jayaprana Layonsari kados ing ngandhap punika.

Jaman kina ing Kaliangêt tanah Bali, wontên pagêblug agêng, kathah tiyang ingkang tiwas, agêng alit, sêpuh anèm tanpa wicalan kathahipun, ngantos wontên griya ingkang suwung, jalaran tiyangipun pêjah sadaya. Wontên satunggaling brayat katrajang pagêblug pêjah sadaya. Kantun anakipun wuragil taksih alit ingkang wilujêng, lajêng dipun kukup ingkang bupati sarajadarbèkipun sadaya. Lare wau nama Jayaprana, sarêng sampun agêng katingal bagus lan sugih kasagêdan, ingkang bupati sakalangkung asih, dipun anggêp kados putranipun piyambak. Jayaprana kadhawuhan rabi, kapurih milih tiyang èstri ingkang dipun sênêngi, ingkang bupati ingkang badhe nêmbungakên dhatêng tiyang sêpuhipun. Kalêrêsan Jayaprana lajêng angsal padikan lare èstri ingkang sae warninipun, nama Layonsari. Enggaling cariyos lajêng kadadosan rêmbagipun. Panggihipun Jayaprana ing kabupatèn mawi pasamuwan agêng-agêngan, bibar panggih pangantèn jalêr èstri lajêng ngabêkti dhatêng ingkang bupati. Jayaprana dipun paringi griya, rencang tuwin bôndha sacêkapipun. Samangke Jayaprana mêngku balegriya piyambak, sênêng gêsangipun.

Kacariyos, nalika ingkang bupati dipun bêktèni pangantèn jalêr èstri, dumadakan priksa endahing warninipun Layonsari, lajêng kasmaran, katrêsnanipun dhatêng Jayaprana ical babarpisan. Ingkang bupati ngantos botên karsa dhahar lan botên sagêd sare, Layonsari tansah cumithak wontên ing paningal kemawon.

Wontên satunggaling abdi ingkang gêthing dhatêng Jayaprana, mangrêtos dhatêng wêwados punika, mila lajêng ngaturi pamrayogi dhatêng ingkang bupati, murih sagêd kalêksanan karsanipun. Ingkang bupati lêga panggalihipun. Jayaprana lajêng kautus dhatêng palabuhan anindhihi prajurit, awit kawartosakên ing ngriku kadhatêngan bajak. Punika kapurih nyirnakakên. Wusana sarêng dumugi ing palabuhan, Jayaprana lajêng dipun pêjahi dening satunggaling prajurit ingkang sampun dipun kêthik ing sadèrèngipun.

Layonsari dipun boyongi dhatêng kabupatèn, nanging puguh botên purun angladosi karsanipun ingkang bupati, awit sampun mirêng pawartos bilih pêjahipun ingkang jalêr punika pancèn dipun paeka, wusana Layonsari lajêng pêjah suduk sarira. Ingkang bupati priksa Layonsari pêjah, lajêng salah paningal ngasta pêdhang ngamuk para abdi, têlas-têlasanipun lajêng suduk sarira piyambak.

Cariyos Jayaprana kalihan Layonsari punika nêngsêmakên saèstu, asring kangge lampahan kêthoprak.

Gancaran, aksara Jawi, rêgi f. 0. 40

Wêdalan Bale Pustaka-Batawi Sèntrêm

--- [481] ---

Ôngka 32, Rê Lê, 10 Sapar Ehe 1868, 21 April 1937, Taun XII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining Kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f. 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pasiraman - Jumênêngan Pangagêng Kadipatèn Pakualaman - BosaBôngsa. Dhayak saha Tatacaranipun - Kawontênan ing Sêpanyol - Blilu Tau - Bab Padpindhêr - Kabar Warni-warni - Waosan - Jagading Wanita.

Pasiraman

[Grafik]

Papan padununganipun pasiraman Kalibacin ing Tambakwaringin, Purwakêrta.

--- [482] ---

Jumênêngan Pangagêng Kadipatèn Pakualaman

[Grafik]

Kala ing dintên Sênèn tanggal 12 wulan punika, ing Ngayogyakarta wontên pahargyan jumênêngipun pangagêng Kadipatèn Pakualaman.

Ingkang kacêtha ing gambar nginggil: upacara Kadipatèn Pakualaman, sisih kiwa kreta titihan.

Têngah sisih kiwa: Gupêrnur kala mêdhar sabda ngaturakên kasugêngan.

Têngah sisih têngên: K.G.P.A.A. Prabu Suryadilaga mangsuli mêdhar sabda.

Ngandhap piyambak, para amtênar ingkang sami anjumênêngi.

--- [483] ---

Ing Pakualaman

[Grafik]

Nginggil têngên: upacara sabibar jumênêngan. Sisihipun, titihan sabibar jumênêngan dumugi pura Pakualaman.

Kiwa têngah: K.G.P.A.A. Prabu Suryadilaga, nampèni rawuhipun Tuwan Gupêrnur Ngayogyakarta wontên dalêm Pakualaman.

Ngandhap sisih têngêh: para abdi Pakualaman sami sowan. Ngandhap sisih kiwa: ombyakipun tiyang ningali.

--- [484] ---

Paargyan ing Gupêrnuran

[Grafik]

Nginggil piyambak: ing dalêm gupêrnuran kawontênakên paargyan, ingkang lênggah saking kiwa: Gusti Kangjêng Ratu Pambayun, Nyonyah Gupêrnur Tuwan Gupêrnur tuwin K.G.P.A.A. Prabu Suryadilaga.

Ing têngah: para agung sawêg sami sontit.

Ngandhap sisih kiwa: bêksa srimpi, ingkang bêksa para putri sadhèrèk dalêm K.G.P.A.A. Prabu Suryadilaga tuwin sanès-sanèsipun.

Ing ngandhap sisih têngên: para abdi niyaga ingkang sami nabuhi bêksan srimpi, sami mangangge agêng, mawi kalung samir.

--- 485 ---

Tanah dalah Tiyangipun

Bôngsa Dhayak saha Tatacaranipun

Sambêtipun Kajawèn nomêr 28

Manawi wangsiting pêksi andang dhumawah sae, têtiyang ingkang kapasrahan padamêlan nigas jangganing mêngsah sami bidhal. Dene bêktanipun awarni:

Ha. tamèng, kangge nadhahi dêdamêling mêngsah.

Na. parang, kangge nigas jangganing mêngsah.

Ca. lading, kangge ngiris-iris.

Ra. gêndul isi lisah, kangge anjampèni sintên ingkang sakit.

Ka. gêgodhongan ingkang kenging kangge jampi, untuning kewan warni-warni kangge rêrênggan.

Da. êrining ulam ingkang agêng tur lancip, prêlunipun, manawi sawêg dipun bujêng mêngsahipun, êri wau lajêng dipun sêbar, supados mêngsahipun kêcublêsa.

Ta. jêmparing ingkang pucukipun dipun osèr-osèri tlutuhing tanêman ingkang mawa racun.

Sa. watang saha sanès-sanèsipun.

Cêkap samantên prakawis tatacaranipun tiyang ngupados sirahing mêngsah, sumôngga sapunika sami metani tata ngadatipun tiyng dhayak manawi wontên tiyang pêjah.

Manawi tiyang ingkang sakit sampun mèh dumugi ing janji, lajêng sanak kadangipun sami ngupados gôngsa gangsal iji, kajèjèr wontên ing ngajêngipun griya. Ing sacêlakipun gôngsa wau dipun sadhiyani sanjata satunggal.

Kacariyos, manawi ambêkanipun ingkang sakit sampun cêkak, gôngsa lajêng dipun tabuh sarosanipun, samôngsa ambêkan pêdhot, gôngsa sirêp, saha sanjata kaungêlakên.

Jisim dipun tênggani dening para sanak kadang èstri ingkang sami nangis pating sênggruk. Mripatipun jisim dipun tutupi arta. Kajawi saking punika, sadaya bandhanipun ingkang pêjah dipun tumplêk ing sênthong ngriku. Mênggah kajêngipun supados:

Ga. dipun wastani sugih.

Na. sadaya bôndha ngêtutakên ingkang pêjah ing akerat.

Dene kuwajibanipun sanak kadang jalêr inggih punika:

Ga. adamêl bandhosa, kajêng ingkang dipun growongi lan cêkap dipun lêbêti ing tiyang.

NA. ngupados sirahing mêngsah, kadamêl rencang ingkang pêjah.

Tumrap kuwajiban nomêr kalih punika, tiyang Dhayak kêncêng sangêt. Manawi nuju wontên damêl makatên, [maka...]

--- 486 ---

[...tên,] lajêng salah satunggaling sanak kadang prentah dhatêng anakipun jalêr makatên: E, thole, sarèhne Kangmas Suta (inggih punika ingkang pêjah) saiki mundhut abdi, lan aku uwis tuwa, mulane kuwajiban iki dak pasrahake marang kowe. Yèn kowe pancèn anakku, kowe mêsthi bisa nyangking sirahing mungsuhku, sathithik-sathithike siji, dene yèn kowe bali mulih tanpa olèh gawe, e, hlah, aja takon dosamu, kowe kalakon dak cacah-cacah.

[Grafik]

Karameanipun têtiyang Dhayak nuju wontên tiyang pêjah.

Sarèhning padamêlan ngupados sirahing mêngsah punika mutawatosi sangêt, bêbasanipun amêng-amêngan nyawa, dados inggih botên nama anèh manawi tiyang ingkang tinanggênah botên ambêkta sirahing kêngsah, malah sirahipun piyambak prothol.

Bilih bandhosa sampun rampung, jisim dipun lêbêtakên kothak, sanjata lajêng dipun ungêlakên.

Manawi ingkang pêjah punika mlarat, jisim lajêng dipun pêndhêm kemawon tanpa karamean. Upami ingkang pêjah sugih, hla, punika ragi rame, sadèrèngipun jisim dipun pêtak, mawi kawontênakên upacara warni-warni.

Karamean ingkang badhe kula criyosakên punika kenging kaperang dados kalih golongan, inggih punika:

Ha. wancinipun tiyang Dhayak mêjahi tiyang tawanan saha kewan.

Na. karameanipun tiyang èstri.

Ing dintên ingkang sampun dipun têmtokakên, sadaya tiyang sami nglêmpak wontên ing ara-ara. Sirahing mêngsah sami dipun sujèni saha kadèkèk ing têngah. Kajawi punika wontên tiyang tawanan sawatawis saha kewan kalih utawi langkung, ingkang sami dipin bônda ngantos botên sagêd ebah.

Sasampunipun têngara dipun ungêlakên, têtiyang jalêr ingkang sami nglayat lajêng jêjogedan kadosdene tiyang anjogèdi waranggana. Sintên ingkang sampun anjogèd lajêng nyuduk têtiyang tawanan wau. Dene têtiyang tawanan sagêdipun inggih namung sêsambat.

Manawi têtiyang tawanan sampun mèh pêjah, lajêng pangagênging karamean ngunus pêdhangipun saha nigas gulunipun têtiyang tawanan ingkang kacancang ing ngriku.

Sirah pating galundhung, pangagênging karamean katingal suka pirêna ing manah, saha salah satunggaling dhukun èstri murugi, nêdha pêdhang ingkang kangge nigas guluning têtiyang tawanan sarwi wicantên: Adhuh, adhuh, pancèn kêndêl, sêkti, brêgas têmênan kangmas kuwi, wong nigas gulu kok kaya nyakot gêdhang, le mak nyês, gilo. Badhe kasambêtan.

Suyana - Adinata.

--- [487] ---

[Iklan]

--- 488 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Sêpanyol

Mirid kawontênakên, paprangan ing Sêpanyol punika saya dangu saya adamêl ringkihipun bôngsa piyambak, awit kapitunanipun sami dipun sanggi dening golongan kêkalih ingkang salugunipun sami tunggil rah. Dados saupami ingkang sami pasulayan wau wontên ingkang mayangakên, inggih susah ingkang kangge wayangan, dangu-dangu saya kêtêlasên kêkiyatan, kawêkasanipun sampyuh tanpa kukupan.

Ing bab kêkiranganipun ingkang sami pêpêrangan saya dangu saya katingal. Malah ing sapunika wontên pawartos bilih Maroko jajahan Sêpanyol badhe dipun sade dening golongan parentah, prêlu badhe kangge tumbas dêdamêl pêrang. Bab punika golongan kabangsan lajêng ngunyêri, jajahan wau badhe dipun sade dhatêng Inggris tuwin Prancis. Nanging golongan parentah inggih gêntos andakwa dhatêng golongan kabangsan, badhe nyade jajahan wau dhatêng Jêrman. Pundi ingkang lêrês dèrèng wontên katranganipun ingkang maton. Nanging manawi mirid sambung-rapêtipun, anggèning dakwa-dinakwan wau manawi mirid lêlampahan ingkang sampun-sampun, inggih sami mèmpêripun, awit ingkang sami pasulayan wau pancèn inggih sami rêrakêtan kalihan nagari ingkang sami kacariyosakên wau. Namung saupamia nyata utawi kalampahan dipun sade yêktos, kapitunanipun inggih sami sinanggi ing golongan kalih pisan, nama sami kecalan, tuwin ing ngriku lajêng katingal lêpating pasulayan punika. Paribasanipun kêbo ilang tombok kandhang, têgêsipun, sadaya sarwa kapitunan.

Saya malih sarêng wontên wartos bilih wadya kabangsan ing Maroko sami ambalela, ingkang lajêng tumular dhatêng Sêpanyol, kajêngipun badhe ngrêbahakên paprentahan kabangsan, ngantos anjalari kathah saradhadhu kabangsan ingkang sami kaukum pêjah. Ing ngriku Jendral Franco kêpêksa lajêng mêcah damêl nyirêp rêrêsah ing Maroko wau, dipun awaki piyambak. Ing ngriki lajêng katingal, bilih golongan ingkang sami ngawaki paprangan ngraosakên sampun kêsêl, sisip sêmbiripun lajêng ngawontênakên pangoso wontên ing golonganipun piyambak, ingkang lajêng damêl apêsing paprangan.

Kalamôngsa punika manawi sawêg badhe rame, inggih wontên-wontên kemawon jalaranipun, kawartosakên ing sapunika Jendral Franco pasulayan rêmbag kalihan panguwaos prajurit Itali tuwin Jêrman ing Sêpanyol. Kajêngipun Jendral Franco Itali tuwin Jêrman punika nguwalna tuntunan paprangan, ngêmungna nindakakên prakawis paprentahan kemawon.

Mênggah nyatanipun, pancèn sampun sawatawis wulan golongan Jêrman tuwin Itali sami nyêpêng apusing paprangan. Dene tumrap pamawasipun Jêrman, wontênipun gadhah tindak makatên, amargi

--- 489 ---

ulah paprangan punika manawi taksih dipun senapatèni Jendral Franco, botên badhe sagêd unggul.

Ingkang makatên punika tumraping Jendral Franco rumaos dipun têpak sangêt, mila saya kêncêng anggèning ngêkahi panguwaosipun, botên badhe nguja dhatêng tandangipun Jêrman tuwin Itali. Kasamaranipun Jendral Franco, mangke kêladuking lampah, tindakipun Jêrman tuwin Itali wau badhe tanpa dugi-dugi, botên ngeman dhatêng tiwasing wadya kabangsan ingkang manggèn ing laladaning golongan parentah, makatên ugi prêlu kangge anjagi mloroting kaluhuranipun Jendral Franco piyambak. Inggih sampun malih tumrapipun dhatêng golongan sanès, sawêk tumrap dhatêng golonganipun piyambak kemawon, Jendral Franco sampun gadhah sujana, botên niyat badhe ngêlongi panguwaosipun, sanadyan dhatêng golonganipun piyambak, amargi samar manawi panguwaosipun wau lajêng ical.

Ing sapunika tumrap Sêpanyol wiwit wontên osik ingkang tuwuh saking golongan piyambak badhe ngawontênakên padamèn, kanthi ngawontênakên pangayoman militèr ingkang jêjêg botên ilon-ilonên ngrika-ngriki. Ingkang badhe dipun têtêpakên dados pangajênging golongan wau Jendral Miaja. Mênggahing sêdya badhe ngudi murih Jendral Franco tuwin Caballero sagêda kèndêl saking padamêlanipun, para parampara tuwin wadyabala saking ngamônca supados dipun undurakên. Nanging bab sêdya makatên wau dèrèng wontên katrangan kasagahanipun Jendral Miaja.

[Iklan]

Manawi mirid kawontênan ingkang kados makatên punika wiwit katingal bilih sêsulaking paprangan sampun wiwit araos sangêt, awit sapunika katingal anggèning badhe mapras ingkang dados pangajênging pasulayan.

Sêsorah ing Radhio saking Bale Pustaka

Benjing dintên Ngahad sontên, tanggal 25 April 1937, wanci 1/2 8 dumugi jam 8, Bale Pustaka ngawontênakên sêsorah ing Radhio Nirom 2 golflengte 190, ing bab Sêrat Driyabrata. Ingkang mêdhar sabda Tuwan Suwignya.

--- 490 ---

Blilu Tau

Anggitane Wiryawiharja

Sambêtipun Taman Bocah ing Kajawèn nomêr 24/25

[Sinom]

durung rampung gone gagas / ana uwong amarani / mung klambèn akathok cêkak / kalung ikêt kudhung caping / gawanane camêthi / yèn wong kaya ngono iku / diarani panggêrak / yaiku bature blantik / sing anggêrak samôngsa olèh dagangan //

calathune barêng cêdhak: / kakang dhatêng kula mriki / ajêng mêndhêt sapi dika / sing pun ajêng didhuwiti / Wanajaya mangsuli: / la ana ngêndi lurahmu / kok ora têka-têka / wangsulane têsih kèri / o hla nika êmpun ketok kledhang-kledhang //

anggone clathu panggêrak / karo mangalor nudingi / Wanajaya wêruh uga / uwonge sing ditudingi / iya sing nganyang sapi / lakune sajak kêsusu / Wana atine lêga / sabab êndang nômpa dhuwit / calathune: Iya kono uculana //

panggêrak enggal tumandang / kêsusu nguculi sapi / sapi nyêbrit tinututan / wis ora katon saiki / êlêt sadhela nuli / balantik têka kêsusu / takon marang Pak Wana: / hla pripun sapine pundi / napa êmpun dika sade têng wong liya //

Pak Wana kagèt naratab / wangsulane karo mlirik: / dika rak êmpun kengkenan / têng panggêrak mêndhêt sapi / sêg mêngkêr mawon ênggih / blantik gèdhèg karo clathu: / kula botên rumasa / kengkenan amêndhêt sapi / awit kula dèrèng rumasa ambayar //

Wana ora bisa ngucap / sauwat nganti mèh nangis / enggal lunga gêgancangan / prêlu karêp nglacak sapi / blantik calathu lirih / karo angguyu ngêcêmut: / môngsa gèk kêcandhaka / wong wis digawa andhêlik / wis anggone wong cidra ngungkurke dalan //

9 Nglacak sapi

... uwong busuk ngena-ngene ora tau, mula bênêr dibasakna: busuk ora duwe ati.

Pangkur.

Kocapa mau Pak Wana / gêgancangan anggone nglacak sapi / lakune têrus ambacut / ora ngetung rêkasa / turut dalan takon-takon ora rikuh / wangsulane warna-warna / malah mung muwuhi sêdhih //

sabên ana kledhang-kledhang / lan dikira wong iku nuntun sapi / ditututi diwuh-uwuh / barêng wis kêtututan / gêla bangêt sabab pangirane kliru / banjur takon apa-apa / dianggo tômba kêcêlik //

sawise olèh wangsulan / nuli pamit têrus mlaku dhisiki / nganti sadina kêcêput / tanpa angrasa sayah / tanpa lèrèn ngêlak ngêlih ora ngrêmbug / lakune kêplantrang-plantrang / ora wêruh têkan ngêndi //

pancèn mêmêlas têmênan / kêkelangan ora nampani dhuwit / yèn digagas ngono iku / ambok iya narima / diburua wong barang uwis kêtrucut / tiwas mung muwuhi sayah / tangèh lamun bisa bali //

nanging wong maido gampang / sapa wonge ora bingung ing ati / yèn kataman ngono iku / saya tumrap Pak Wana / uwong busuk ngena-ngene ora tau / mula bênêr dibasakna / busuk ora duwe ati // Ana sambungane.

--- 491 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Padpindhêr

II

Garèng : Mêngko sik, Truk, aku tak takon. Miturut omongmu, ana ing padpindhêr kono bocah-bocah diginau ngudi nyang kautamaning ngaurip. Wèh, kiyi aku kok rada kluthik-kluthik pikiranaku. Gênah-gênahe ana ing kono apa banjur olèh wulangan apa kêpriye. Anggonku kôndha: pikiranaku pating kluthik mau, awit jaman saiki kiyi, kêna diarani: jaman blithuk taruna, luwih-luwih sing gêgayutan kaya kang kok kandhakake: ngudi kautamaning ngaurip kuwi mau, aja manèh sing bocah isih piyik-piyik, lagine bocah sing wis brêngosên sakojur, akèh bae sing kêblithuk. Ora mung kêblithuk pikirane bae, nanging iya kêblithuk dhuwite, malah ana sing kêblithuk... bojone.

[Grafik]

Petruk : Hara, ana kok banjur nyandhak sing ora-ora mêngkono. Iki ora kêna dipadha, Kang Garèng. Sing kokandhakake kuwi mau rak prakara wêjangan. Jaman saiki pancèn iya nyata, akèh wong sing ngaku dadi guru utawa dadi ki dhalang, banjur awèh wêjangan sing mokal-mokal, ambèbèrake jamane isih awang-uwung, kathik basane dirêngga-rêngga nganggo têmbung sing dakik-dakik, kaya ta: soroting: sur-ya, côndra, daru kartika, samya, wèh ana kok banjur kêbablasên nyang gêndhing: rajasuwala, kawuwuhan manèh ngaku bisa: ngrogoh kanthong, e, nas, apa tukang kutil, wong arêp kôndha: ngrogoh sukma, nganti kliru. Wuwuh-wuwuh nambani wong lara, dumadakan bisa mari. Jamane iki jaman rêkasa, Kang Garèng, yèn ing wusana wong sing kaya ngono kuwi mau, kanthi têmbunge kang mrêceka bisa angiming-iming nyang wong akèh mangkene upamane: sing sapa nyêcêp ngèlmuku (dadi muridku) tak tanggung: uripe mêsthi ora kêkurangan, ora bisa kêcandhak ing lêlara, sabab bisa nênambani, kathik ditrêsnani sing nganti kêlèt ing sapadhaning umat. Mara, Kang Garèng, yèn sabanjure nuli ana wong sing kêpilut marang têmbunge sing lêgi madu mau, nganti apa-pane prasaksat didarmakake kabèh, lo, kuwi ora kêna dipaido,

--- 492 ---

Kang Garèng. Sabab iki rak saka putêking pikire, nganti pambudidaya apa bae, yèn kira-kirane bisa ngenakake awake, iya banjur dilakoni bae, hla, wong iya lagi pêtêng pikirane, kathik banjur diiming-iming sing sêgêr-sêgêr, mêsthine iya mak bluwêng bae anggone katut, tanpa nganggo dipikir yèn pêmburine bisa uga dicukur gundhule.

Garèng : Mulane kuwi, Truk, ingatase wong tuwa bisa kêblithuk, aja manèh bocah, sing pancèn durung mêlar nalare. Kuwatirku: mêngko gèk banjur salah wèsêl panampane. Padhane bocah sing digladhi dadi wayang wong kae, karêpe wong tuwa rak bêcik bangêt, yaiku: supaya bocah dhêmên nyang kagunane dhewe, supaya tandang tanduke alus, supaya ngrêti tatakrama, supaya luwês, lan sapadhane, nanging rak akèh bae bocah sing salah wèsêl, banjur dadi: gêmagus, kêmêkèk, pêthenthengan, kêmlênyis,...

Petruk : Wiyah, kathik kêmlênyis, kaya bangsane... mènthèl. Lo, sanadyan sing dadi padpindhêr, akèh-akèhing bocah iya ana bae sing banjur: gêmagus, pêthenthengan lan kêmaki, nanging iki rak wis kêgawa saka dhasare pancèn bocah kêmaki. Nanging mungguhing padpindhêr, kuwi yèn ditaliti têmênan, apa sing digayuh ing kono pancèn iya bêcik bangêt. Yaiku manggulawênthah bocah supaya ing têmbe dadi uwong kang utama, luwih-luwih sing diudi bêciking wêwatêkane, sarta sarasing badane. Iki miturut pranatan sing wis diakoni ing saindênging jagad mungguh ing bêcike, yaiku sing diatur dening priyagung sing gawe padpindhêr mau, asmane prayagung kiyi: Robert Stephenson Smyth Lord Baden Powell of Gilwell.

Garèng : Wèh, wèh, jênêngan kathik sadhêpa mangkono, gênahe apa bangsane ratu, apa pangeran.

Petruk : Iki mula bôngsa darah luhur. Miturut caritane mau-maune apangkat jendral pêrang, tur iya jendral pêrang sing pêngpêngan kae, nanging barêng nguningani sangsara apadene kasusahan sing jalaran saka pêrang mau, banjur kagungan ada-ada ngêdêgake padpindhêr, kang sêdyane sing prêlu dhewe: nyêdulurake wong sajagad kiyi, kanthi ora ambedak-bedakake: bôngsa, agama, lan warnaning kulit, apa: putih, kuning, irêng, apa ijo pisan.

Garèng : Wiyah, iya ora mèmpêr, ana uwong kathik warnaning kulite ijo. Wèh, nèk mêngkono sêdyane pancèn iya luhur bangêt, ewasamono, Truk, kabare antarane padpindhêr bangsane dhewe iki ana sing sêrik atine karo Paduka Tuwan Baden Powell mau, sabab jarene idham-idhamane: ora ambedak-bedakake bôngsa, arêp nyadulurake wong sajagad, nanging jêbulane, biyèn rawuh ing Batawi, padpindhêr bôngsa apa bae padha sowan, barêng padpindhêr bangsane kowe inyong iki, arêp mèlu sowan, ora kêrsa nômpa. Mara, apa ora ambêdhêdhêg wêtênge.

Petruk : Iki kowe aja guru-guru nyalahake Paduka Tuwan Baden Powell mau.

--- 493 ---

kuwi rak tamu, kathik bôngsa mônca, sapa wêruh anggone ora krêsa nômpa mau, rak bisa uga ana kalirune rêmbuge, lan bisa uga padpindhêre dhewe iki pranatane ora cocog karo pranatan sing wis dianggêp sah ing wong sajagad iki.

Garèng : Iya êmbuh, dhing, aku ora wêruh. Wong aku dhewe iya durung patia wawuh bangêt karo padpindhêr, dadi yèn ing jêrone kono ana sing pating krabang aku iya ora ngrêti.

Petruk : Yak, kaya gabagên, pating krabang, saiki takcaritani carane anggone ngudi apa sing dadi gêgayuhane mau, Kang Garèng, wis mêsthi pangudine mau sarana dalan kang absah, yaiku: a. Siji-sijining warga diwajibake ajak-ajak kancane anêtêpi kuwajibane ingatase agamane.

Garèng : Wèh, Truk, dadi nèk agamane mau Islam upamane, iya kudu nêtêpi sêmbahyange limang wêktu, dadi têmtune iya ora kêna nèk arêp main bon bae, lan mêsthine iya ora ana sing ngarani: wèyèh, kathik kaya bèbèk, esuk-esuk wis kêcipak-kêcipik ana ing kalèn.

Petruk : Nèk miturut wèting padpindhêr sing têmênan, nèk agamane pancèn Islam iya kudu nêtêpi kuwajibane sing têmênan. Dene yèn ana wong ngerang-erang wong banyu wulu ing wanci subuh kaya kandhamu mau, wajibe mung diarani: wong edan. Awit yèn wong waras mêsthine ora duwe unèn-unèn sing mêngkono kuwi. Wis saiki tak banjurne: b. Nênuntun supaya trêsna nyang nagarane dhewe, nênuntun marang tindak tata lan angajèni marang parentah kang absah.

Garèng : Bab trêsna nyang nagarane dhewe, kanggone bangsane dhewe iki, wis wiwit bayèn-biyèn, Truk. Wong aku gèk cilik kêrêp bae ngalami rêmbugane wong loro sing ngalêm nagarane dhewe-dhewe, mangkene upamane: wah, botên kados nagari kula Ngayoja, tiyangipun sae-sae lan rêsik-rêsik, tumrapipun tiyang Ngayoja botên prêlu sandhang sae utawi èdi, botên ngangge-angge inggih sampun brêgas-brêgas. Banjur sijine mangsuli, Truk: inggih, mila pancèn beda kalihan ing nagari kula Surakarta, tiyangipun mila awon-awon, nanging sami pintêr ngangge-angge. Tiyang rupinipun botên pakra, sarêng sampun macak, inggih, wah, sampun, sampun, punapa malih manawi tiyangipun ayu kados ing nagari samang Ngayoja, wèh, bokmanawi ngrisakakên tata sayêktos.

Petruk : Wayah, kuwi ora jênêng dhêmên nyang nagarane, nanging mung arêp umuk-umukan bae. Dene sing diarani trêsna nyang nagarane dhewe, kuwi kudu tansah anjagaa aja nganti nagarane olèh ala, dadi iya tansah dijaga aja nganti adat kalakuane ala, sing bisa ngrêgêdi jênênge nagarane, dadi cara padon kaya sing kok kandhakake mau, kuwi rak mung nuwuhake sêsêngitan lan pasulayan karo bangsane dhewe bae, iki ora jênêng trêsna nyang nagarane dhewe, nanging mung malah agawe onar thok bae.

--- 494 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKI.

Dr. Sutomo dipun paargya. Ing gêdhong Nasional ing Surabaya mêntas ngawontênakên paargyan angurmati Dr. Sutomo anggèning mêntas wangsul saking lêlana. Ing papan paargyan ngriku sakalangkung rame saha rinêngga-rêngga sae. Ingkang sami rawuh kathah. Wêdhar sabda minangka pamagepambage. arja katindakakên dening Mr. Suwono, kanthi sêsorah sawatawis. Dr. Sutomo magsuli sapêrlunipun. Ing dalu wau pinanggih sami gambira.

Tiyang Madura dhatêng Borneo. Gêgayutan kalihan wontêning yasan margi ing Tanah Grogot mêdal Balikpapan ingkang panjangipun 500 km. pêrlu badhe ngangge kuli bangsa Madura. Ingkang kangge waragad yasa margi punika badhe mêndhêt saking arta karèt. Pamêndhêting kuli badhe kaangkah sakulawarga.

Darmawisata. Sampun sawatawis dintên, atas namaning pakêmpalan D.A.J.I.T.A. ing Magêlang, wontên priyantun kirang langkung 300, sami darmawisata dhatêng kraton Ngayogya, Sanabudaya, pasarean Kutagêdhe lan Imagiri, mawi numpak bus 11 iji (7 bus para kakung lan 4 bus para putri). Dene wontênipun ingkang darmawisata, sadaya sami manggih kacuwan. Awit nalika sabibaripun saking kraton lan Sanabudaya, wanci jam 11 siyang wiwit jawah ngantos jam 5 sontên. Mila sadumuginipun ing pasarean Kotagêdhe lan Imagiri, punika kajawi kacuwan saking anggènipun klêbus kajawahan, ugi botên kalilan anggènipun badhe sumêrêp pasarean kalih wau. Dados anggènipun sami darmawisata prasaksat tanpa angsal damêl. Mila ngaturi pèngêt, bilih wontên priyantun badhe priksa pasarean kalih wau, mugi kaangkaha sagêd sowan wontên ing dintên utawi malêm Jumuah, jam 8 enjing lan jam 5 sontên.

Kajawi punika, wontên wartos, bilih pakêmpalan R.T.O. (Rukun Tri Utama) saking golongan priyantun "Waterstaat" ing Magêlang, ugi badhe darmawisata dhatêng rêdi Dièng. Mugi-mugi kasêmbadana kajatipun R.T.O. wau K. 1909.

Bab rajapêjah ing Grêsik kala rumiyin. Pangadilan Landraad ing Grêsik mêntas mriksa rajapêjah ing wulan Augustus 1936, inggih punika tiwasipun Tuwan Van der Pauwert tuwin Jordan. Pasakitanipun tiyang 20. Kaji Dulhalim, ingkang gadhah anak dipun sanjata dening Tuwan Jordan, saha rumiyin ngakên ingkang mênthung Tuwan Van der Pouwert, sapunika selak. Nyariyosakên bilih kala samantên namung nyumêrêpi grubyuging tiyang kemawon.

Mariksa Krakatau. Kapal Valk mêntas dhatêng Krakatau ambêkta Dr. Ch. Stehn, pêrlu nitipriksa kawontênanipun. Dhatêngipun ingriku punika ugi sarêngan ahli babagan rêdi latu Prof. H. Williams saking Californie, ngkangingkang. nuju nyatitèkakên kawontênaipun rêdi latu. Salajêngipun Prof. Williams bidhal dhatêng Jêpan badhe nitipriksa kawotênaning rêdi latu ing Jêpan.

Barang ingkang ambêbayani kakintunakên mêdal post. Sampun sawatawis dintên wontên kintunan postpakket saking Gombong dhatêng Ngayogya. Sadumuginipun Ngayogya, kanthong post ingkang kangge wadhah barang wau katingal risak. Sarêng kabikak sêrat-sêrat ingkang wontên salêbêting kanthong sami gosong. Ingriku kasumêrêpan jalaran saking barang ingkang kakintunakên postpakket wau wutah, awarni koningswater. Wontên arta-arta kêrtas ingkang sami risak, rahayu nomêripun taksih kenging dipun waos, dados taksih sagêd kalintokakên.

Umuk-umukanipun tiyang ing nagari karèt. Jalaran saking majênging padagangan karèt tiyang siti, têtiyang ingkang sami gadhah kêbon karèt sami umuk-umukan, ingkang rumiyin mawi nêdha ngangge ajang godhong, sapunika ngangge ajang arta kêrtas f 10.~. Wontên tiyang numpak pit ngangge bandera arta kêrtas dipun gandhèng-gandhèng. Wontên malih jajan nêdha wisuh bir.

Prakawis batu api pêtêng. Sampun sawatawis dintên kawartosakên , pulisi ing Têgal nyêpêng baita wangkangingkang. nama Jong Kit An, kanggenan batu api pêtêng. Ing sapunika sampun kapriksa ing pangadilan, tiyang ingkang dados dakwa kadhêndha f 5000.- utawi kakunjara 5 wulan. Dakwa dipun êmbani dening Mr. Visser, nêdha revisie. Ing sapunika batu api ingkang dados bukti kakintunakên dhatêng Sêmarang, gêgayutan kalihan prakawis sanès.

Dhukun alit pintêr ngapusi. Ing Ngayogya wontên lare ngumur 5 taun ngakên nama R.M. Cipta Sêjati Kusuma, luguning namanipun Tukimin, asli saking dhusun Paya, ondêr distrik Piyungan. Wontênipun ing Ngayogya ngakên putranipun Bêndara Bêkêl Prawiropurbo suwargi. Lare wau dipun suyuti ing lare kathah, ngakên sagêd dados dhukun tuwin gadhah kalangkungan warni-warni. Naging dangu-dangu lare wau dipun cêpêng ing pulisi jalaran ngapusi baranging tiyang warni kalung. Sapunika kathah tiyang ingkang ngraos kenging apus.

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana dumugi Bali. Têdhak dalêm K.T. Ingkang Wicaksana sampun dumugi ing Bali, tinampi mawi pakurmatan ingkang damêl karênan. Salêbêtipun wontên ing Bali rawuh dhatêng panggenan-panggenan ingkang nêngsêmakên, tuwan tansah pinaargya ing têtingalan warni-warni. K.T. Ingkang Wicaksana sagarwa putra nalika mriksani kawontênan tuwin sawangan ingkang anggawokakên, sakalangkung suka ing panggalih.

Papriksan kèrêmipun kapal Van der Wijck. Badhe pamriksa prakawis kèrêmipun kapal Van der Wijck punika badhe panjang papriksanipun, amargi badhe kathah sangêt têtiyang ingkang dipun priksa. Sakawit badhe mriksa tiyang ingkang sami gêgayutan, inggih punika punggawaning kapal K.P.M. ingkang tumut wontên ing kapal ngriku, salajêngipun mriksa têtiyang ingkang sami numpak ingkang sapunika taksih sami kenging dipun dhatêngakên. Sasampunipun punika lajêng ngundang dhatêng para ahli layaran. Wiwit adêging raad layaran ing taun 1928, prakawis kapal Van der Wijck punika kapetang ingkang agêng piyambak.

Paguyuban darah Tus-Pajang. Ing Surakarta mêntas wontên parêpataning paguyuban darah Tus-Pajang. Inggih punika darahipun R. Ng. Yosodipuro I. (R. Ng. Yosodipuro I. punika Tus-Pajang) pujangga dalêm Ingkang Sinuhun kaping III-IV-V, ing Surakarta. Suwargi R. Ng. Yosodipuro I punika kathah karanganipun sêrat-sêrat ingkang misuwur, cariyos-cariyos ingkang ngêmu wulang saha nêngsêmakên, kados ta Sêrat Rama, Sêrat Menak tuwin sanès-sanèsipun. Kathah ingkang sampun kawêdalakên ing Bale Pustaka tuwin pangêcapan sanès-sanèsipun. Mênggah ingkang sami ngawontênakên paguyuban wau sami darahipun ingkang suwargi. Rêmbaging parêpatan, I badhe nyupakêtakên pasadherekan, II angajèkakên tuwin andandosi panggêsangan. III adamêl sêrat sajarahing kulawarga. IV rumêksa kaluhuranipun ingkang suwargi. Sintên ingkang ambêtahakên babagan ingkang gêgayutan kalihan darah Tus-Pajang, sêsambêtana rêmbag kalihan R. Atmohudyana ing kampung Wirengan Surakarta.

--- 495 ---

Kawontênanipun rajakaya ing tanah Priyangan. Ing salêbêtipun wulan Maart kêpêngkêr ing Bandung pinanggih wontên rajakaya sakit mond tuwin klauwzeer, cacah 35, asli saking Jawi Têngah. Kintên-kintên rajakaya wau asli saking Purworêja. Rajakaya (lêmbu) ingkang sakit tuwin ingkang kintên sakit sami dipun priksa dening doktêr kewan, wontên ingkang kapragad utawi namung kapisah kemawon. Ing papan pamragatan inggih sampun kêlêbêtan kewan sakit. Salajêngipun katindakakên papriksan kêncêng.

[Grafik]

Sêsêbutan Doktor tumrap R. Suharto. Kala tanggal 14 wulan punika ing pamulangan luhur doktêr ing Bêtawi wontên promotie tumrap R. Suharto, arts. Angsal sêsêbutan doktor. Ingkang dados pangarsa Prof. A. Grenstuk, ingkang dados promotor Prof. Bonne tuwin prof. sanès-sanèsipun. Proefschrift ingkang kaajêngakên "Over zweren in maag en duodenum" tumrap tiyang siti tuwin bangsa Tionghoa ing tanah ngriki.

Inginggil punika (gambar ing têngah) R. Suharto sêkalihan.

Pamulangan enggal. Ing Bandung wontên pamulangan enggal nama "Instituut tot opleiding voor kantoorwerkzaamheden", manggèn ing Riouwstraat. Pamulangan wau nampèni lare saking pamulangan andhap dipun wulang babagan padamêlan kassier, archief, expeditie, ngêtik, mêsin etang, kasregister tuwin sanès-sanèsipun, sadaya wau pêrlu kangge nyambut damêl ing kantoran. Ugi nyadhiyani kangge lare-lare saking Mulo.

Andandosi candhi-candhi. Kados ingkang sampun nate kawartosakên, ing bab andandosi candhi Prambanan angsal wragad saking peranganing arta salangkung yuta saking nagari Walandi, kathahipun f 75.000.-. Sasampunipun punika lajêng badhe andhudhuki candhi Pananggungan tuwin patilasan kina sanès-sanèsipun, kados ta candhi Sumberawan, Watugêdhe, Sanggariti tuwin Jawi. Kajawi arta samantên wau ugi taksih angsal panduman malih f 25.000.- kangge nitipriksa kawontênaning siti ing salêbêtipun tigang dintên.

Pitulungan jampi saking pakaryan kasarasan. Dèrèng dangu ing tanah Têgal tuwuh sêsakit malaria, kaprênah sakilèn kitha ing dhusun Têgalsari tuwin Todan. Sarêng ingriku kasumêrêpan tuwuh sêsakit malaria, ingkang wajib lajêng ambage tablèt kina dhatêng têtiyang padhusunan, punapadene mriksa dhatêng griyanipun têtiyang ingkang sami sakit, pamardinipun botên sanès namung kêdah rêsikan, dene tumrap ingkang sampun sangêt sami dipun suntik. Sarêng sampun tumindak sawatawis dangunipun, pinanggih suda.

Gambaripun R. A. Katini. Ingkang sampun pinanggih, gambaripun R.A. Kartini punika kados ingkang sampun sumêbar punika. Nanging nalika Dr. R. Soetomo wontên ing Den Haag sagêd angsal gambaripun R.A. Kartini ingkang beda sangêt kawontênanipun, inggih punika mangagêm kados sacaraning putri Jawi sajati. Gambar wau ingkang kagungan Nyonyah Deventer, dipun suwun ngampil dening Dr. Soetomo badhe dipun umumakên, Nyonyah Deventer marêngakên. Sapunika gambar wau sampun kadamêl.

Para neneman kangge punggawa kapal dagang. Miturut wartos, ing wêkdal punika wontên panêdha tumrap para neneman wêdalan K.W.S. tuwin pamulangan bangsanipun punika kangge padamêlan ing kapal dagang, kalêbêt K.P.M. Tumrap ingkang katampèn badhe kakintunakên dhatêng Rotterdam kangge sinau laminipun 5 wulan utawi 7 wulan, kanthi angsal bayaran f 50.- sawulan. Ing benjing badhe dipun papanakên ing kapal dagang tumrap lampah dhatêng Amerika utawi Aprika, blanja wiwit f 90,- dumugi f 900,- sawulan. Ingkang katêdha wau, ingkang rumiyin bangsa Eropa, lajêng bangsa Tionghoa tuwin tiyang siti.

Prakawis suntik ing Bandung. Sampun dangu kawartosakên ing bab tindak nyuntik ing Bandung ingkang damêl tiwasing tiyang. Ing sapunika sampun rampung papriksanipun, dakwa Thiele kadhawahan paukuman 1 taun, dipun icali wêwênangipun nindakakên padamêlan apotheker salêbêtipun 2 taun. Dene Dr. Rizzi kaukum kalih wulan kanthi prajanjian cobèn-cobèn salêbêtipun kalih taun ing jawi.

ASIA

Bêbaya pacêklik kêsaru ing bêbaya sanès. Miturut wartos, bêbaya kêluwèn ing Honan manawi botên tumuntên angsal pitulungan, wontên tiyang tigang yuta sami badhe pêjah kalirên. Ing laladan ngriku punika sampun 10 wulan botên wontên jawah, pêpetangipun sabên 100 griya ingkang gadhah têtêdhan namung sagriya. Miturut wartos saking Chengchao, ing papan ingkang katrajang bêbaya kêluwèn kêtimbrung kêtêmpuh ing prahara ambêkta pasir. Prahara ingkang kados makatên punika salêbêtipun 20 taun sawêg pinanggih sapunika. Tilpun sami risak, motor mabur Eropa dhatêng Asia botên sagêd mandhap ing Chengchaow, lampahing sêpur sami rêndhêt. Tanêman gandum ingkang taksih nèm sami risak. Ing kitha Kaifeng ngantos pêtêng dening kombuling pasir ingkang kabêkta angin.

Nyamarakên sêsakit pest. Parentah Tiongkok nyamarakên tumularing sêsakit pest ing Anwei dhatêng Homan kidul. Ing uruting lèpèn Yangtse tuwin lèpèn Huai kasamarakên sangêt manawi katularan. Griya sakit Amerika ing Huai-Yuan sampun mitulungi tiyang sakit pest wudun 2500, ingkang tiwas 140 sanèsipun saras, sampun mêdal saking griya sakit.

EROPA

Minggah rêdi Himalaya. Miturut wartos saking Berliyn, expeditie bangsa Jêrman ingkang badhe nginggahi rêdi Himalaya badhe dipun ayati dening De Karl Wie saking Munchen, ingkang sampun misuwur nginggahi rêdi-rêdi. Kala tanggal 11 wulan punika sampun bidhal saking Genua dhatêng Bombay. Ingkang tumut lampah punika wontên tiyang 7 ingkang sampun kulina minggah rêdi Alpen, ingkang kalih bangsa pasinaon inggil. Golongan punika badhe minggah saking Nanga Porbat, inggiling pucakipun 8125 m. ingkang sampun dipun inggahi dening golonganipun Wilby Merkel kala ing taun 1934, sami manggih sabab.

--- 496 ---

Wêwaosan

Saribang

Pêpiridan saking buku karanganipun Baronesse Orczy

52

Dene ingkang sawêg dhatêng punika botên sanès kajawi: Dhèsgas saprajuritipun. Kalih utawi tigang mênit malih, têtiyang wau tamtu sampun sagêd dumugi ing ngriku, lan sakêdhap malih kemawon Sêr Blakêne tamtu dados tiyang tawanan. Sakala punika tuwuh malih panggalihipun sang putri nêdya ngaturi priksa dhatêng ingkang raka, nanging kuwatos bilih namung badhe nyêngkakakên dhatênging bêbaya wau. Ing wêkdal punika Sêr Blakêne jumênêng ing sacêlaking meja, ingkang mêntas kangge dhahar wau. Jumênêngipun wau mêngkêrakên Sopêlin kalayan calumak-calumik ngandikakakên warni-warni ingkang tanpa têgês, kadosdene caraning tiyang ingkang kirang èngêtanipun. Nanging saking kanthong jasipun Sêr Blakêne lajêng mêndhêt wadhah sênggruk ingkang nuntên kaisèn mrica ngantos kêbak. Salajêngipun nuntên murugi Sopêlin, sarana gumujêng lajêng angandika makatên: Tuwan, panjênêngan ngandika punapa.

Jalaran saking anggènipun tansah amirêngakên kanthi yêktos suwaraning têtiyang ingkang dhatêng wau, ngantos botên sumêrêp punapa ingkang dipun tindakakên dening mêngsahipun wau. Salajêngipun sarêng Sêr Blakêne andangu kados ingkang kacariyosakên ing nginggil wau, wangsulanipun Sopêlin makatên: Kula botên matur punapa-punapa. Malah kados panjênêngan ingkang mêntas dhawuh punapa-punapa.

Sêr Blakêne: Inggih, inggih, kula wau namung cariyos, yèn sapisan punika anggèn kula tumbas sênggruk botên kalêrêsan. Cobi tuwan kula aturi nyobi.

Salêbêtipun ngandika makatên punika, Sêr Blakêne kalihan nyêlaki Sopêlin. Dene Sopêlin piyambak, ingkang manahipun namung katujokakên dhatêng Dhèsgas tuwin para prajuritipun, ing kala punika botên gadhah gagasan babar pisan manawi badhe kaapusan dening Sêr Blakêne. Amila sarêng dipun tawèni sênggruk wau, dumadakan inggih lajêng nyênggruk.

Ngêmungakên tiyangipun piyambak ingkang sagêd anggambarakên raosing tiyang ingkang nyênggruk kaladuk punika. Makatên ugi mênggahing Sopêlin, sarêng nyênggruk, sakala punika raosing sirahipun kadosdene pêcah-pêcaha, saha lajêng wahing-wahing tanpa kèndêl, raosipun kadosdene badhe wuta, lan botên sagêd mirêng tuwin botên sagêd wicantên. Salêbêtipun Sopêlin sawêg makatên wau, kanthi sasêkecanipun Sêr Blakêne tindak saking ngriku.

XXV. Tiyang Yahudi.

Lèdhi Blakêne ngantos sêmlêngêrên anggèning ngraosakên lêlampahan kados ingkang mêntas kacariyosakên ing nginggil wau. Ingatasipun Dhèsgas saprajuritipun sampun cêlak sangêt, inggih punika kirang langkung namung tigang atus pêcak saking lusmèn ngriku, têka sagêd kalampahan ingkang makatên punika.

Sarêng sang putri sampun èngêt malih saking anggènipun sêmlêngêrên wau, rumaos bingah panggalihipun, sarta ing batos sakalangkung gumun, dene samantên kadibyanipun ingkang raka wau.

Anggènipun nindakakên sandi upaya, ngantos Sopêlin tanpa daya malih, sayêktos julig sangêt. Saupami Sopêlin kalampahan dipun pisakit, bokmanawi dayanipun ingkang dhumawah dhatêng Sopêlin wau, botên patos rêkaos kados ing samangke punika. Sabab ing kala punika sêmunipun Sopêlin kadosdene lajêng botên sagêd mirêng, sumêrêp tuwin botên sagêd wicantên.

Mênggah gagasanipun sang putri, Sêr Blakêne nilar lusmèn ngriku, têmtunipun badhe amanggihi para golongan miruda ing gubugipun blangkar. Inggih lêrês, bilih ing samangke Sopêlin prasaksat tanpa daya babar pisan, ngantos Saribang sagêd oncat saking ngriku, nanging sadaya margi, makatên ugi margi-margi ing uruting gisik, sami kajagi kêncêng dening para prajurit, ingkang ngulat-ulatakên sangêt dhatêng sintêna kemawon ingkang langkung ing ngriku. Ing môngka tamtunipun Sêr Blakêne botên uninga dhatêng parentahipun Sopêlin prakawis pambudidayanipun anggèning nêdya nyêpêng sariranipun wau.

Dumadakan ing kala punika kamirêngan suwaraning para prajurit ingkang sawêg sami kèndêl ing sajawining lusmèn.

Ing kala punika sêmunipun Sopêlin sampun ragi saras, wahing-wahingipun sampun suda, lan sanadyan kanthi rêkaos piyambakipun sampun sagêd mênyat malih. Kanthi gloyoran Sopêlin lajêng murugi kori, lan botên watawis dangu kori lajêng sagêd kabikak.

Sarêng Dhèsgas lumêbêt ing ngriku, dèrèng ngantos sagêd kawêdal aturipun, kalayan wahing-wahing Sopêlin sampun apitakèn: Enggal - êndi wong dhuwur mau. Salah siji apa ana sing wêruh.

Sajak gumun Dhèsgas apitakèn: Wontên pundi, tuwan.

Sopêlin: Ana ing kene, goblog, mêtu lawang kuwi - durung nganti limang mênit saprene.

Dhèsgas: Kula sadaya botên sumêrêp punapa-punapa, tuwan, tiyang rêmbulanipun inggih dèrèng mêdal. Badhe kasambêtan.

--- 57 ---

Nomêr 15, taun II

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn juru pangripta Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Rêbo

Nagara Mawa Tata, Desa Mawa Cara

Ing satunggal-satunggaling nagari, punika tumraping jêjodhoan, inggih punika andhaupakên pangantèn, sami anggadhahi cara piyambak-piyambak. Mênggahing wigatosipun manawi dipun padosi kajêngipun, ingkang kathah lèrèg dhatêng pamuji wilujêng tumrap pangantèn jalêr èstri.

[Grafik]

Ingkang pinanggih ing tanah Simêlungun, Sumatra, wontên caraning para agêng ingkang dipun tindakakên ing kala pangantèn dhaup, tumraping pangantèn èstri sakalangkung dipun wigatosakên.

Dèrèng dangu ing Simêlungun wontên bôngsa agêng krama, ing ngriku mawi cara, pangantènipun èstri mawi dipun sirami dhatêng lèpèn. Nalika pangantèn èstri badhe dhaup, kaarak dhatêng lèpèn mawi pahargyan agêng, ing ngriku mawi ubarampe ingkang dipun tindakakên dening dhukun, kangge pirantosing siram awarni jêram purut gangsal iji mêndhêt saking woh ingkang manggèn ing keblat sakawan, tuwin ingkang wontên pancêr (têngah). Godhong pitung warni sami pitung lêmbar. Sêkar kawan gêbung, sêdhah, wos jêne, lisah (candu) ing kajêng jêram ingkang kabêsmi, tuwin sanès-sanèsipun.

Sadaya wau lajêng dipun lêbêtakên ing tuwung, dipun rêmêt kadèkèkan toya. Ing sadèrènging katindakakên prêlunipun dhukun mawi ngucap nyuwun barkahing para dewa supados pangantèn èstri sagêda gadhah anak kathah, wilujêng. Sasampunipun punika [puni...]

--- 58 ---

[...ka] pangantèn èstri majêng, lajêng ngombe toya wau sawatawis cêgukan (kacêtha ing gambar) salajêngipun mêndhêt toya dipun usap-usapakên ing bathuk, sampun rampung.

Manawi angèngêti tatacara ingkang kados makatên punika, têtela bilih wanita punika taksih pinuji murih widada dados biyung ingkang utami, awit sadaya patrap wau katingal dados pasêmon ingkang lèrèg sae.

Bab para Putri ingkang Ngasta Damêl ing Sajawining Dalêm

Sambêtipun Jagading Wanita ing Kajawèn nomêr 30

Anggènipun sagêd angsal padamêlan lan bênuman inggih kanthi gampil, awit nagari taksih ambêtahakên punggawa èstri kathah. Sasampunipun taun 1930, bênuman saya dangu saya suda, papan padamêlan saya dangu saya susud, awit saking suda pakaryan lan karingkês sadaya padamêlan nagari.

Ingkang kadumuk rumiyin sagêdipun mêdal saking padamêlan, para putri ingkang kagungan garwa, tur garwanipun taksih ngasta damêl. Kalanganipun para putri ingkang ngasta damêl dados alit, racakipun ingkang kantun kêparêng nyambut damêl namung ingkang dèrèng krama.

Mênggah bab priyantun putri ingkang sampun krama, punapa saenipun utawi awonipun manawi taksih cêpêng damêl.

Manawi kula manah-manah, pinanggihipun langkung prayogi priyantun putri ingkang sampun krama sampun ngantos nyambi nyambut damêl malih, racakipun nyambut damêl punika wiwit jam 7 enjing ngantos jam 1 utawi jam 2 siyang. Priyantun putri ingkang sampun krama lan ingkang nyambut damêl sajawining balegriya, lajêng kêdangon anggènipun nilar papan kêrajanipun. Lêrês asring sok wontên sadhèrèk èstri ingkang anggajuli ing dalêm, nanging sabotên-botênipun inggih beda, manawi urusan balegriya dipun cêpêng piyambak katimbang dipun pasrahakên ing tiyang sanès. Saya awrat malih manawi anggènipun nyambut damêl punika mawi nilar putra ingkang taksih alit.

Sayahipun sarira, rêribêding griya, anggènipun putra alit satêngah dintên katilar ing ibu, punika botên timbang kalihan arta ingkang kabujêng ing papan padamêlan sajawining griya.

Mila tatanan nagari sapunika kula wastani kasinggihan, dene botên marêngakên malih manawi wontên priyantun putri ingkang sampun krama lajêng cêpêng damêl, môngka ingkang kakung inggih taksih cêpêng damêl. Sanès malih manawi ingkang kakung nuju kêdhawahan apês kêtaman ing pangangguran. Ing ngriku ingkang putri gêntos dados pangagênging bêbrayan, inggih punika ingkang pados padamêlan.

Samantên wau sadaya kula kasumanggakakên dhatêng para maos. Mugi wontêna sadhèrèk ingkang nyambêti atur kula, kangge lêlumban ing jagading wanita.

Rukmini.

--- 59 ---

Anjodhokakên Anak Èstri

Sambêtipun Jagading Wanita ing Kajawèn nomêr 30

Manawi wontên tiyang sêpuh anggèning anjodhokakên anak èstri botên ngangge wêwaton tigang prakawis: bibit, bèbèt saha bobot wau, môngka anggèning jêjodhoan lare ngantos bibar, tansah pasulayan, punika cêtha lêpating tiyang sêpuhipun, dening nilar utawi nrajang paugêran ingkang sampun gênah saenipun punika wau.

[Grafik]

Nyi Darmaprawira

Manawi pamilihing tiyang sêpuhipun sampun lêrês, môngka ing akhiripun anggènipun abêbrayan pinanggih awon, punika ingkang kadunungan lêpat inggih anakipun, dening botên mangrêtos dhatêng tataning tiyang salakirabi, ngantos kadayan awon saking jawi. Anak ingkang makatên wau nama lare murang sarak, adamêl kasusahaning tiyang sêpuhipun, inggih kasusahan saha kawiranganipun piyambak.

Tumrapipun lare jalêr, wontên ingkang milih piyambak, wontên ingkang kapilihakên dening tiyang sêpuhipun. Sanadyan kawênangakên milih jodho piyambak, inggih mêksa dipun kuwatosi dening tiyang sêpuhipun, têgêsipun: tiyang sêpuh kêdah nimbang awêwaton tigang prakawis ing nginggil, manawi tiyang sêpuh botên anyondhongi, pun anak botên wênang nilar tiyang sêpuhipun. Dene manawi tiyang sêpuh ingkang milih, lare kaajak dhatêng griyaning lare èstri ingkang dados panujuning manah, wontên ing ngriku lare jalêr èstri sagêd pêpanggihan sanadyana namung saklebatan, punika dipun wastani: nontoni. Ing salajêngipun, dados utawi botênipun gumantung dhatêng lare jalêr, tiyang sêpuhipun botên wênang utawi botên sagêd mêksa.

Lare jalêr ingkang badhe milih jodho piyambak, wontên piwulang kina ingkang kadhapur paribasan: sadurunge rabi matamu lèkna sing ômba, yèn wis rabi ciyutna êlèke. Mênggah kajêngipun paribasan punika: tiyang badhe rabi punika kêdah mulat, sampun ngantos milih tanpa panitipriksa, supados lêrês pamilihipun. Dene manawi sampun kalampahan, sampun ngantos mraduli dhatêng swara jawi ingkang nênuntun dhatêng êcrahing jêjodhoan.

Kala samantên, lare èstri ingkang lumêbêt sakolah taksih awis. Lare èstri ingkang sampun diwasa kinêkêr sangêt, botên kenging mêdal dhatêng sanès panggenan manawi botên prêlu sangêt, patrap ingkang kados makatên wau kawastanan dipun pingit. Badhe kasambêtan.

Nyi Darmaprawira, Kêpanjèn Malang.

--- 60 ---

Rêsikan

Urun bumbu dhabêngdhatêng. sumbanganipun sadhèrèk S.M. bab rêrêsik bale griya kados ingkang kawrat ing Kajawèn ôngka 22, wosipun sadhèrèk S.M. mrayogèkakên sangêt, bale griya punika botên ketang tigang wulan sapisan kêdah dipun rêsiki. Patrapipun rêrêsik wau botên namung sarana dipun sulaki tuwin dipun saponi kados adat sabên manawi rêrêsik bale griya ing sabên dintên, nanging mawi ngêdalakên bên praboting griya ingkang sakintên pancèn gampil kawêdalakên. Sarampungipun lajêng rêrêsik ing pawon saha plataraning kakus, wêwah prayogi malih, kulah utawi jêdhing ingkang kangge siram, punika ugi prêlu kêdah asring kakuras, sarta dipun rêsiki tandhoning rêrêgêd tuwin lumut-lumutipun. Rêrêsik bale griya sabên wulan utawi kalih wulan sapisan, punika tamtunipun ngrêkaos sawatawis, nanging inggih kathah pigunanipun, sanajan griya awon sawatawis, payon gêndhèng pagêr gêdhèg upaminipun, nanging tabêri rêrêsik, sawanganipun angrêsêpakên, dhatêng sêsakit inggih têbih. Wontên sêkar Asmaradana gangsal pada, pantês kangge wêwahing bumbu bab rêrêsik punika.

1. samubarang kudu rêsik / dêdalaning kuwarasan / lan kabêgjaning uripe / sing sapa ora rêsikan / gampang kambah lêlara / de kang kudu rêsik iku / satêmêne rong prakara //

2. sapisan barang kang lair / iki ana têlung rupa / sapisan rêsik sandhange / loro rêsiking panggonan / têlu rêsiking badan / iku kabèh anênuntun / marang bagas kawarasan //

3. ping pindho rêking batin /Kurang satu suku kata: ping pindho rêsiking batin. ngêdohi tindak maksiyat / iki akèh pêprincène / sapisan aja culika / melik darbèking liyan / loro aja dhêmên wadul / andêdêrandhêdhêr. mring pasulayan //

4. têlu aja dhêmên jail / mitênah marang sasama / ping pat aja dhêmên goroh / ping lima aja sumungah / mamèrke kaluwihan / lumuh asor kudu unggul / iku kabèh singkirana //

5. yèn iku kabèh sinirik / adoh marang kasangsaran / wis masthi bêgja ing têmbe / ing sajroning kitab Kuran / kaya wus linarangan / sapa nrajang bakal kokum / besuk ana akir jaman //

Wosipun ngagêsang punika sasagêd-sagêd, prêlu sami ngudi dhatêng sucining lair tuwin batos, awit sayêktosipun tiyang punika, manawi tata lairipun brêgas canthas lan samubarangipun sarwa rêsik gumrining, botên nate tindak dudu, sarta batinipun suci, liripun, pagêdhonganing manah kothong, botên isi ngujub riya takabur, tumbak cucukan (adu-adu) dahwèn panastèn, miyak wêwadosing liyan, pangunêg-unêg awon, drêngki srèi sasaminipun bangsaning jail muthakil, punika nama tiyang suci mulus, ing saênggèn-ênggènipun, tamtu amung badhe rahayu wilujêng ingkang pinanggih.

Ngasura Anêm.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

SRITANJUNG

GANCARAN AKSARA LATIN.

Radèn Sidapêksa suwita dhatêng Raja Adikrama ing Sinduraja, kanggêp pangawulanipun, lajêng dipun junjung dados patih. Abdi sanèsipun sami mèri dhatêng kabêkjanipun Radèn Sidapêksa, sami wadul dhatêng sang prabu. Sang prabu ndhahar atur ngamandaka. Radèn Sidapêksa dipun tundhung alus. Sang prabu api-api gêrah, Radèn Sidapêksa kadhawuhan pados jampi, lajêng bidhal. Lampahipun dumugi ing pratapan Pêrangalas, kapanggih sang pandhita Têmbangpetra. Sang tapa ngandika bilih karsanipun sang prabu nyalawados. Radèn Sidapêksa matur badhe andhèrèk martapa, sang pandhita botên marêngakên, awit sang radèn taksih panjang lêlampahanipun, malah lajêng kapundhut mantu, kadhaupakên kalihan wayahipun ingkang nama Dèwi Sritanjung sarta lajêng dipun dhawuhi wangsul dhatêng nagari.

Dumugi nagari Dèwi Sritanjung dados gumunaning akathah saking ayunipun. Prabu Adikrama kèlu dhatêng pawartos. Radèn Sidapêksa dipun timbali, dipun utus dhatêng kaendran mundhi sêrat.

Sapêngkêripun Radèn Sidapêksa, sang prabu rawuh dhatêng kapatihan kapanggih Dèwi Sritanjung. Dèwi Sritanjung badhe dipun garwa botên purun, malah lajêng ngesahi. Sang prabu duka sêmu lingsêm ing panggalih, amargi katampik ing wanita. Lajêng kondur ing kadhaton kanthi cuwaning panggalih.

Sawangsulipun saking kaendran Radèn Sidapêksa têrus sowan sang prabu ngaturakên lêlampahanipun dipun utus. Ing lair sang prabu katingal suka ing panggalihipun. Lajêng ngandika ingkang botên-botên. Dhandhang diunèkake kuntul, kuntul diunèkake dhandhang. Dèwi Sritanjung dipun cariyosakên lambang sari kalihan tiyang sanès.

Radèn Sidapêksa, bawanipun taksih mudha, mirêng pangandikanipun sang prabu wau panon sumrêpêt kados katapuk, lajêng pamit mantuk kanthi ngêmu duka.

Sadumuginipun ing dalêm dipun papagakên ingkang garwa, botên ananggapi. Dèwi Sritanjung lajêng ngandharakên tindakipun sang prabu. Radèn Sidapêksa botên pitados, kagalih aturipun ingkang garwa wau botên nyata. Sang dèwi lajêng badhe dipun antukakên dhatêng Pêrangalas.

Sarêng tindakipun Radèn Sidapêksa sagarwa dumugi ing wana, dukanipun dhatêng ingkang garwa botên kenging kaampah malih. Sang dèwi lajêng dipun pêjahi. Nalika badhe dipun suduk, Dèwi Sritanjung matur: manawi rahipun anggônda awon nyata saliranipun pancèn lêpat. Nanging kosokwangsulipun manawi anggônda arum angambar, Radèn Sidapêksa ingkang kirang titi. Radèn Sidapêksa botên angrèwès dhatêng aturing garwa. Ingkang garwa èstu dipun têlasi. Nalika badhe angrêsiki wangkinganipun dhatêng lèpèn, Radèn Sidapêksa priksa yèn kampuhipun kenging rah sarta ambêtipun wangi. Sanalika Radèn Sidapêksa kagugah katrêsnanipun dhatêng garwa, lajêng gandrung dadakan. Kasupèn bilih ingkang garwa sampun seda.

Kacariyos yitmanipun Dèwi Sritanjung minggah dhatêng kaswargan, kapanggih kalihan Hyang Dwarakala. Sang dèwi lajêng dipun têdahakên dhatêng panggenaning yitma ingkang dipun siksa, jalaran nalika gêsangipun mandamêl ingkang botên lêrês. Sasampunipun tutug anggènipun mriksani, yitmanipun Dèwi Sritanjung lajêng dipun wangsulakên dhatêng raganipun. Dèwi Sritanjung gêsang malih, sarta warninipun saya wêwah ayu. Lajêng wangsul dhatêng pratapan Pêrangalas.

Kocapa Radèn Sidapêksa ingkang tansah anggêtuni sedaning garwa, lajêng dipun rawuhi dening Hyang Nini, punika kalêrês eyangipun Dèwi Sritanjung. Hyang Nini paring dhawuh bilih Dèwi Sritanjung gêsang malih, samangke sampun wangsul dhatêng Pêrangalas. Radèn Sidapêksa bingah sangêt, lajêng nusul ingkang garwa dhatêng pratapan. Sadumuginipun ing pratapan, Radèn Sidapêksa asrah kalêpatan dhatêng Sang Bagawan Têmbangpetra, sang tapa ugi paring pangaksama. Dèwi Sritanjung dipun panggihakên kalihan Radèn Sidapêksa, nanging sang dèwi nyuwun tumbasan: inggih punika sirahing ratunipun, prêlu badhe kangge kèsèd. Radèn Sidapêksa nyagahi, lajêng nyuwun pamit dhatêng ingkang eyang sang bagawan. Sang bagawan marêngakên, sarta paring pusaka.

Prabu Adikrama mirêng yèn badhe kadhatêngan mêngsah, lajêng mêpak bala. Sasampunipun sami samêkta lajêng sami campuh prang. Bala Sinduraja têtumpêsan. Prabu Adikrama tiwas wontên ing paprangan. Prajurit ingkang gêsang lajêng sami têluk dhatêng Radèn Sidapêksa. Rajabrana ing Sinduraja dipun jarah rayah kabêkta dhatêng Pêrangalas.

Radèn Sidapêksa lajêng kadhaupakên malih kalihan Dèwi Sritanjung, wilujêng tanpa sambekala.

Makatên cêkakipun cariyos Sritanjung. Ing sarèhning namung cêkakan, sêngsêming cariyos botên katingal. Môngka saèstunipun cariyos Sritanjung punika kêbak ngês lan kêbak sêngsêm. Kajawi punika ugi wontên piwulangipun ingkang sae sangêt. Kados ta nalika Dèwi Sritanjung ningali kawontênaning yitma ingkang sami nandhang dosa.

Kula aturi nyatakakên maos piyambak. Têmtu marêm. Rêginipun namung f 0.30

WÊDALAN, BALE PUSTAKA, BATAVIA-CENTRUM.

Ôngka 34, Rê Pn, 17 Sapar Ehe 1868, 28 April 1937, Taun XII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

Langêndriya

Sêrat Langêndriya punika ingkang sampun mêdal wontên: 6 jilid, inggih punika lampahan:

1. Jumênêngipun Dèwi Kancanawungu.@2. Pêjahipun Rônggalawe.@3. Gunjaran (Radèn Watangan lan Radèn Buntaran katawan ing mêngsah).@4. Pêjahipun Menak Jingga.@5. Damarwulan jumênêng nata.@7.6. Panji Wulung dhatêng Majapait.

Jilid 6, babonipun sampun kalaksanan angsal. Sawulan kalih wulan malih mêdal. Ingkang sampun kalajêng mundhut jilid sanèsipun, botên kalajêng-lajêng cuwanipun. Ingkang dèrèng têmtu lajêng katarik panggalihipun.

Lampahan Langêndriya punika sabên têlas salampahan, golèk mêdal, sindhènipun ambak-ambing ragi kenging dipun raosakên.

Pakêm padhalangan ringgit krucil, cariyos lampahanipun: Radèn Damarwulan. Babon saking Ngayogyakarta, anggitan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkubumi.

Gêndhing ayak-ayakan, suwuk, lagon, kinanthi jôngga, kêndhangan côndra, golèk anjogèd anggrudha mawi ura-ura Kinanthi:

kanthi-kanthining pangidung / ngudang dadining pudyadi / prawèndyaning langêndriya / wandaya wêwêding èdi / wit karsa Jêng Gusti Pangran / Adipati Mangkubumi //

Litnan kolnèl jidan gupnur / pan sêtaph èstuning puji / mring raka jêng sri narendra / kluhuran yogya lêstari / sagarwa putra santana / têkan liyaning sanagri //

Ngayugyakarta kadhatun / pra andêl nayaka wrêsni / sumrambaha kasênêngan / wadyaning nata gêng alit / mituhuning kasadarman / darma amonging dumadi //

jêr pangudining pangidung / ngêngudang dadining pamrih / tan lyan mrih arjaning lampah / kudu waspadèng pra widi / aninggahi kawadakan / ngudi dadining utami //

krana sutamèng tumuwuh / mêmanuh langgêngi tokid / anir deya dèn kawangwang / wanguning kaanan jati / lir warna sajroning kaca / manjing ingkang aningali //

dhawah mas ginonjing, golèk anjogèd, nyambêr lajêng nglana. Rêp. Ura-ura malih, gêndhing Sinom Grandhèl:

kakang Gambyong prayoganya / aja katungkul ing kapti / luwih bêcik angupaya / pangrêti praboting urip / apa kang sira pilih / gramèn myang ngabdi pyayi gung / (Gambyong): raning bandhul baita / kayu gung rineka jalmi / karbèn apa nganggo golèk kang kangelan //

(Golèk): kakang Gambyong aja wangkal / kudu ora anglakoni / jêr iku wus ingran lumrah / panguripan dèn ulati / tan kêna anyinggahi / luwih luput yèn katungkul / (Gambyong): babo gèr pagêr wayang / lamun ta bodho lir mami / apa dadak banjur nora kêdadean //

(Golèk): kakang Gambyong kayaparan / durung ngrêti wis madoni / gonmu urip iku apa / ora lawan nyandhang bukti / yêkti iku tan prapti / kalamun ora linuru / (Gambyong): mas mirah kothak jêpan / kapithing kang sabèng sabin / apa dadi wong ayu pêpasthèn ilang //

(Golèk): kakang Gambyong bênêr sira / mula nyata nganggo pasthi / nging tan tinggal pangupaya / jêr witing ana pinurih / ana dadi kinardi / rasakna iki ujarku / (Gambyong): walang ijo larira / rak arèndèn imbuh lami / êmbuh-êmbuh kudu sun sukak gambyongan //

(Golèk): kakang Gambyong lamun sira / tan mituhu ujar mami / luwih bêcik pêpisahan / tanpa gawe sun ladèni / kêrêp ngudur sayêkti / wit wus sulayèng panêmu / (Gambyong): mas mirah sêmut abang / raning jendraling wong Ngarbi / aku gêmang yèn pisah kalawan sira //

Jogèd macak, suwuk, prêpêkan. Golèk ical, suwuk, bibaran.

Kajawi punika, Sêrat Langêndriya samangke kamirahakên. Rumiyin f 1.- utawi f 0,80 sajilidipun, samangke racak namung rêgi a f 0,30.

Bale Pustaka, Batawi Sèntrêm.

--- [513] ---

Ôngka 34, Rê Pn, 17 Sapar Ehe 1868, 28 April 1937, Taun XII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining Kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Sri Paduka Rajaputri Juliana - Saminggu wontên ing Praja Kajawèn - Punapa Pikajêngipun Adan - Bab Wayuh ing Kadhistrikan Sumarata (Panaraga) lan ing Kabupatèn Pacitan - Kawontênan ing Tiongkok - Pangantèn ingkang Nêmbe Kondur saking Lêlana - Bab Padpindêr - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Sri Paduka Rajaputri Juliana

[Grafik]

Ing dintên Jumuah tanggal kaping 30 April 1937 punika, kalêrês dintên wiyosan dalêm Sri Paduka Rajaputri Juliana, têtêp yuswa 28 taun.

Dhawahing dintên wiyosan dalêm wau ing pundi-pundi sami ngawontênakên pahargyan minôngka pamuji kasugêngan dalêm Rajaputri Juliana.

Ing pamuji mugi dinirgakna ing yuswa dalêm, sampun kirang satunggal punapa.

--- 514 ---

Saminggu wontên ing Praja Kajawèn

Dening Radèn Mas Daryana.

I

Sanadyan sêrat kabar saha kalawarti sanès-sanèsipun tamtu sampun angêwrat pawartos ingkang gêgandhengan kalihan pahargyan jumênêngan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Suryadilaga, ewadene minôngka anusuli saha anjangkêpi kabar ing Kajawèn tanggal kaping 17 April, ôngka 31 saha tanggal kaping 21 April, ôngka 32 prêlu kula têrangakên, manawi kantor Bale Pustaka piyambak ugi utusan salah satunggaling punggawanipun anênggani jumênêngan dalêm wau. Ing ngriki kula botên badhe damêl andharan ingkang panjang-punjung, bokmanawi ambosêni, jêr katrangan ingkang sampun jangkêp sampun kaandharakên ing radhio utawi ing sêrat kabar. Kula namung badhe angaturakên cuplikaning pahargyan ingkang kula manah prêlu kasumêrêpan ing ngakathah.

[Grafik]

K.G.P.A.A. Prabu Suryadilaga mangagêm prajuritan.

Sadèrèngipun kula amiwiti andharan kula, kaparênga kula ngaturakên panuwun dhatêng para prayagung saha sadhèrèk-sadhèrèk ingkang sampun karsa maringi pitulungan, ingkang tundonipun anggampilakên tumindaking padamêlan kula.

Wontên ing Ngayogyakarta kula sipêng wontên ing dalêmipun Radèn Ngabèi Jaya Ahmad Udaya, wêwakiling praja Kajawèn wontên ing rad kawula. Saking pitulunganipun radèn ngabèi wau kula sagêd angsal palilah saking Mr. Halie, Gewestelijke Secretaris ing Ngayogyakarta, anênggani kêpyakan ing gupêrnuran ing dintên Sênèn enjing saha gala-receptie ing dintênipun malêm Salasa.

Dintên Sênèn enjing tanggal kaping 12 April watawis jam satêngah sanga, kula mangangge langênarjan cêmêng sampun wontên ing dalêm gupêrnuran. Sadhèrèk kula Radèn Ngabèi Ahmad Jayaudaya botên tumut dhatêng, awit botên tampi sêdhahan. Ing ngriku kula manggihi Mr. Halie ingkang mangagêngi para among tamu (opperceremonie-meester) saha Mr. Radèn S. Dibya Pranata tuwin Radèn K. Sastradipraja, jurubasa tuwin ajung jurubasa ing Ngayogyakarta. Kula kaparingan sêrat turunan tata lampah-lampahing pahargyan saha kolêman asmanipun para prayagung Walandi Jawi ingkang kasêdhahan rawuh ing gupêrnuran. Punapa malih sarèhning dhatêng kula wau prêlunipun badhe sumêrêp upacaraning jumênêngan dalêm wau, saking palilahipun Mr. Halie kula kaparêngakên pados papan ingkang cêlak sangêt kalihan ngêtrun.

Prêlu kula aturakên manawi Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, ing wêkdal wau gêrah, [gê...]

--- 515 ---

[...rah,] dados botên sagêd nampi pisowanipun kangjêng gusti utawi botên sagêd anjênêngi pasamuwan ing gupêrnuran. Punika eman sangêt.

Watawis jam sanga pandhapi gupêrnuran sampun katingal kêbak para tamu Walandi, sami mangagêm grutnèn utawi rok. Samantên ugi para gusti saha bandara pangeran, punapa malih pêpatih dalêm ginarubyug para bupati saha bupati anèm, sadaya mangagêm basahan. Tamu saking sajawining Ngayogyakarta ingkang kula sumêrêpi tuwan jendral saking Magêlang saha Tuwan Gobée parampara babagan tiyang siti saking Batawi. Ingkang dados gumuning manah kula, têka botên wontên prayagung saking Surakarta ingkang rawuh. Bokmanawi pancèn botên kasêdhahan.

Ing salêbêtipun kula mlampah-mlampah wontên ing pandhapi saha ing kamar-kamar gupêrnuran, prêlu manggihi têpangan-têpangan kula, kajawi nyumêrêpi endah tuwin gêbyaring pangagêmanipun para prayagung saha pangagêng Jawi Walandi, tuwin mirêng umyênging pangandikanipun para tamu, ugi anyumêrêpi microfoon kalih iji. Inggih punika satunggal saking mapro ing Ngayogya, sanèsipun saking Sri ing Surakarta. Salêbêting manah kula, kula ngunandika: Wah, iba bêcike, yèn mung ana microfoon siji. Wong sajêroning kutha siji têka ana microfoon saka rong pakumpulan, tur bangsane dhewe.

Sadèrèngipun pahargyan kawiwitan, ing salêbêting dalêm gupêrnuran, para tukang potrèt saha pèlêm sampun sami ibut anata pirantosipun.

Saking salah satunggaling têpangan kula, inggih punika Kangjêng Radèn Tumênggung Ônggawôngsa, kula kaparingan kolêman asmanipun para pangagêng Jawi abdi dalêm ingkang sami sowan ing gupêrnuran. Lis-lis wau sadaya sumimpên ing ngriki, supados kenginga kangge manawi wontên prêlunipun.

Kintên jam satêngah sadasa panjênêngan dalêm kangjêng gusti rawuh ing gupêrnuran, nitih kareta katarik kapal sakawan, kusiripun Walandi. Kajajaran prajurit saking bètèng, ginarubyug para abdi dalêm ingkang ngampil-ampilan dalêm. Pangagêman dalêm cara Walandi militèr, litnan kornèl. Ingkang andhèrèkakên tunggil titihan, kaptin Walandi saking bètèng. Kajawi punika lumêbêt dalêm ing dalêm gupêrnuran kadhèrèkakên para bandara pangeran ing Pakualaman, abdi dalêm bupati ing Adikarta saha sadhèrèk dalêm kakung, Bandara Radèn Mas Arya Sutikna. Sarêng panjênêngan dalêm kangjêng gusti sampun lumêbêt saha jumênêng ing trunsal, para tamu sami anut lumêbêt, jumênêng wontên ing papanipun piyambak-piyambak. Kula piyambak sagêd milih papan cêlak ing pêngkêran dalêm kangjêng gusti.

Sarêng para tamu sampun satata lênggah (sayêktosipun botên lênggah nanging jumênêng) miturut golonganing pakaryan saandhap inggiling pangkat, Paduka Tuwan Gupêrnur Ngayogyakarta kadhèrèkakên Gewestelijke Secretaris saha jurubasa miyos saking gadri wingking lumêbêt ing trunsal. Paduka tuwan gupêrnur jumênêng sangajênging trun, ajêng-ajêngan kalihan panjênêngan dalêm kangjêng gusti. Atas dhawuhing paduka tuwan gupêrnur sêrat kêkancingan jumênêngan dalem kangjêng gusti kawaos dening Gewestelijke Secretaris salajêngipun kajawèkakên dening jurubasa. Badhe kasambêtan.

--- 516 ---

Punapa Pikajêngipun Adan, lan kadospundi Mênggah Asal MukanipunMulanipun.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 33

Tuwin nêtêpakên Kangjêng Nabi Mukhammad, punika dutaning Pangeran ingkang Maha Êsa. Lajêng wara-wara ngajak pakêmpalan sêmbahyang, ingkang sêmbahyang punika satunggiling margi ingkang nênarik dhatêng kawilujêngan lair batos. Wondene asal mulabukanipun adan wau, kacariyosakên makatên:

Ing satunggiling wanci dalu, Kangjêng Nabi Mukhammad s.a.w. pakêmpalan anglêmpakakên para sakabat kathah, prêlu angrêmbag badhe damêl têngara kangge ngalêmpakakên tiyang ing samôngsa-môngsa manawi sampun manjing wêktunipun sêmbahyang. Nalika samantên Kangjêng Nabi s.a.w. nyumantakakên bab prakawis punika dhatêng pakêmpalan, dene wêdharing sabda dalêm wontên ing parêpatan punika, makatên: Pakumpulan, wêktu iki, aku kagungan panggalihan kang prêlu tak jalukake rêmbug karo wong akèh, yaiku prakara ngadani gawe têngara utawa tôndha kanggo ngumpulake uwong-uwong yèn arêp padha sêmbahyang, iku kapriye mungguh kapenake, sarta kang tumindake kanthi mayar, tur wus nyukupi marang kabutuhan, kang iku, mara padha pikirên, lan banjur padha ngêtokna panêmu ana ing pakumpulan kene.

[Grafik]

Manara Mêsjid Agung ing Surakarta, kangge papaning tiyang adan.

Ing pakêmpalan ngriku lajêng katingal usrêg, lan pating bêkithi, para sakabat sami arêbat ngacungakên tanganipun, badhe ngaturi usul. Ingkang sami badhe usul atur pamrayogi, lajêng kadhawuhan mêdharakên pamanggihipun saking satunggal. Ing ngriku pamanggihipun warni-warni, sawênèh sakabat wontên ingkang usul: yèn sampun manjing wêktuning sêmbahyang, prayogi dipun wontêni têngara ngèrèk bandera ingkang inggil, supados kasumêrêpan ing ngakathah. Usul punika botên katampi dening pakêmpalan, amargi bandera wau kamanah taksih kirang piguna, jalaran tumrapipun tiyang ingkang sawêg pinuju tilêm utawi katungkul padamêlan, botên mangrêtos.

--- 517 ---

Sawênèhipun malih wontên ingkang gadhah pamanggih: mawi têngara ngungêlakên slomprèt. Usul punika pakêmpalan botên mupakati, jalaran têngara ingkang kados makatên punika, kamanah sawarni kalihan têngaranipun golongan sanès, kang môngka kaparêng dalêm Kangjêng Nabi s.a.w. sampun ngantos niru têngaranipun tiyang sanès wau.

[Iklan]

Wontên ingkang usul malih: prayoginipun mawi têngara: nabuh kênthongan. Usul punika pakêmpalan inggih dèrèng anyondhongi, amargi nabuh kênthongan wau, taksih mirid têngaranipun tiyang golongan sanès, ingkang makatên punika nama botên kêplok akalihan kaparêng dalêm Kangjêng Nabi s.a.w. malih, mila pakêmpalan botên rujuk.

Wontên malih ingkang majêng ngaturi pamanggih ingkang sampun dipun condhongi kalihan sakabat sawatawis, usulipun makatên: parêpatan, lah, sapunika saking pamanggih kula sakônca prayogi ngagêm têngara: nyumêt obor kemawon wontên ing papan ingkang inggil. Pamanggih punika botên katampi malih dening pakêmpalan, amargi têngara mawi nyumêt latu makatên punika, saking panimbangipun parêpatan, taksih kamanah angiribi akalihan têngaranipun tiyang Majusi, ingkang makatên punika ugi botên dados suka pirênaning panggalih dalêm Kangjêng Nabi s.a.w. malih. Badhe kasambêtan.

Sawala.

--- 518 ---

Bab Wayuh ing Kadhistrikan Sumarata (Panaraga) lan ing Kabupatèn Pacitan

Dèrèng dangu punika kula wontên ing kadhistrikan Sumarata (Kabupatèn Panaraga) kagèd mirêng wicantênipun sadhèrèk ing ngrika, nyariyosakên: yèn wontên tiyang jalêr badhe wayuh punika ingkang wênang nginggahakên pangantènipun èstri êmbok sêpuh.

Mila kula kagèd, awit sasumêrêp kula ingkang wênang nginggahakên pangantèn èstri punika walinipun, inggih punika bapanipun utawi kulawôngsa sanèsipun ingkang pancêr jalêr.

Saking naib dhistrik Sumarata kula mirêng katranganipun bab punika makatên:

Yèn wontên tiyang jalêr ingkang sampun gadhah semah môngka badhe rabi malih, punika naib kêdah mitakèni dhatêng êmbok sêpuh punapa trimah badhe dipun wayuh punika.

Yèn êmbok sêpuh matur trimah, ingkang jalêr inggih lajêng sagêd rabi malih.

Nanging yèn êmbok sêpuh matur botên trimah, punika êmbok sêpuh kêdah lajêng dipun takèni punapa nêdha dipun talak dhatêng ingkang jalêr. Yèn matur botên purun, ingkang jalêr inggih botên sagêd rabi malih.

Dados cêkakipun: tumraping kadhistrikan Sumarata tiyang jalêr punika botên sagêd wayuh yèn botên kalayan rilanipun êmbok sêpuh, pramila êmbok sêpuh kawastanan: ingkang nginggahakên êmbok ênèm.

Botên lêt dangu kula dumugi ing Pacitan, lan ing ngriku kula mirêng saking kyai pangulu ing Pacitan:

Tumraping Kabupatèn Pacitan, tiyang jalêr punika sagêdipun kalampahan wayuh inggih prasasat gumantung saking rilanipun êmbok sêpuh.

Limrahipun ingkang sampun kalampahan ing Kabupatèn Pacitan: yèn wontên tiyang jalêr sampun gadhah semah môngka badhe rabi malih, punika êmbok sêpuh katimbalan dhatêng ing kanaiban, lan dipun takèni punapa trimah badhe dipun wayuh, sarta dipun mangrêtosakên punapa têgêsipun dipun wayuh, inggih punika: dipun mangrêtosakên anggène prasasat namung badhe angsal sapalihing katrêsnanipun ingkang jalêr.

Sarta ingkang jalêr inggih dipun timbali lan dipun mangrêtosakên dhatêng kuwajibanipun tiyang wayuh, inggih punika:

1. Kêdah ngadil ing samudayanipun, inggih ngadil ing katrêsnanipun, inggih ngadil ing pangrimatipun dhatêng para semahipun.

2. Yèn semahipun sami botên sagêd rukun, kêdah dipun griyakakên piyambak-piyambak.

3. Kêdah kuwasa anêdhani tuwin anyandhangi dhatêng para semahipun.

Yèn êmbok sêpuh matur trimah dipun wayuh, ingkang jalêr inggih lajêng sagêd rabi malih, nanging yèn êmbok sêpuh matur botên trimah, naib kêdah lajêng naliti priksa punapa ingkang jalêr cêkap sarat-saratipun badhe wayuh, pokokipun ingkang dipun priksa: punapa ingkang jalêr kintên-kintên kuwasa anêdhani tuwin anyandhangi para semahipun.

--- 519 ---

Yèn pinanggihing papriksan ingkang jalêr kadugi botên badhe kuwawi ngingoni lan nyandhangi para semahipun (saking kamlaradan), punika botên sagêd kalampahan rabi malih. Sampun nate kalampahan ing ondhêr dhistrik Danaraja: tiyang jalêr ingkang têksih karayat ing para sêpuh badhe wayuh, môngka êmbok sêpuh ambangkang, punika botên sagêd kalampahênkalampahan. mêndhêt rabi malih.

Yèn ingkang jalêr pinanggih kacêkapan, môngka êmbok sêpuh ambangkang, sarta botên purun dipun talak, punika naib botên wani aningkahakên, prakawis punika lajêng katur ing kyai pangulu, awit naib namung minôngka wakiling kyai pangulu.

Kyai pangulu satampining prakawis punika ihtiyar sagêdipun êmbok sêpuh lan ingkang jalêr sami rukun rêmbagipun, utawi murih sampun ngantos ingkang jalêr amêksa badhe wayuh tanpa angrêmbak pambangkangipun êmbok sêpuh. Nanging yèn ingkang jalêr adrêng, inggih sagêd kalaksanan mêndhêt semah malih, sanadyan êmbok sêpuh cukêng.

Kawontênan ingkang kula aturakên punika kados prayogi kauningan ing para maos, langkung-langkung ing para wanita, awit sapunika kita bôngsa Jawi saya dangu saya rosa anggèn kita anampik dhatêng wontêning pranatan wayuh, nanging pakèwêd sangêt anggèn kita badhe ihtiyar angicalakên pranatan punika. Sabab punika pranataning agami kita.

[Iklan]

Sanadyan tindak-tindak ingkang kula andharakên ing nginggil punika tangèh sagêdipun kawastanan sampun marêmakên babarpisan tumraping para wanita ing jaman samangke ingkang kapetang modern panggalihanipun, kados inggih sampun kenging kawastanan anjaman, lan kenging kangge ular-ular: ing pundi marginipun ingkang botên nêrak saraking agami, ingkang kenging kangge nanggulangi wontêning tiyang wayuh.

Purwarêja 13 Marêt 1937.

Kandhiyur.

Wangsulan Redhaksi

Tuwan Tamita, bab ôngkawiyu sampun nate kapacak ing Kajawèn.

Tuwan Pranawa ing Ngayogya. Bab gadhung kirang cêtha.

K. 4852 ing Sleman. Bab darmawisata kados makatên punika sampun kêlimrah sangêt.

K. 749 ing Bandhung. Gambar sampun dumugi. Ngêntosi papan.

K. 3713 ing Cimahi. Ju Pa, Nopèmbêr 1923 dhawah tanggal 2 Walandi. Jawi 22 Mulud, Je 1854 wuku Wugu, môngsa gangsal.

--- 520 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Tiongkok

Sampun dangu kawontênan ing Tiongkok punika namung pinanggih sarwa rame, inggih gêgayutanipun kalihan Jawi utawi pinanggih ing salêbêtipun praja piyambak. Manawi dipun manah mênggah ingatasing bêbaya, botên kados manawi kêtêmpuh saking jawi, awit punika nama bêbaya yêktos, nanging manawi dipun manah malih, bêbaya saking nglêbêt, inggih punika anggèning pasulayan kalihan bôngsa piyambak, punika malah langkung gawat, pinanggihipun lajêng dados nagari ingkang tanpa kasantosan, manawi wontên sabab ingkang tumêmpuh saking jawi, kasantosanipun sampun kirang.

Ing bab makatên punika ing Tiongkok tansah ngawontênakên tindak pangudi murih sampun ngantos wontên pasulayan tunggil bôngsa. Ing sapunika wontên sêsulakipun bilih sêdya wau badhe kasêmbadan. Saya katingal cêtha malih sarêng Tiongkok angsal pangajêng Jendral Chiang Kai Sek, ing ngriku kêtitik anggèning pangajêng wau dipun sêtyani ing rakyat, kasêtyanipun nuwuhakên kasantosaning nagari, punika katingal wontên ing lêlampahan ing samôngsa ingkang gêgayutan kalihan Jendral Chiang Kai Sek lajêng dados kawigatosaning ngakathah. Ingkang makatên wau tumrap Tiongkok rumaos bilih ing sapunika badhe sagêd uwal saking pangrubedaning mêngsah.

Kados ing bab tuwuhipun ebah-ebahan ing Sian punika tumraping Tiongkok sampun mrênding sangêt, sisip sêmiripunsêmbiripun. badhe dados pasulayan agêng yêktos. Ewasamantên Jendral Chiang Kai Sek sagêd ngrukunakên sarana rêmbag kemawon, wilujêng tanpa kara-kara. Môngka miturut kawontênan, ebah-ebahan ing Sian punika sarêng wiwit katingal, ngadhebadhe. angèl dipun sirêp, dene kalampahanipun sagêd sirêp wau, kajawi Jendral Shiang Kai Sek lêbda dhatêng ulah kridhaning ngêmbat praja, ugi jalaran saking anggèning kêdunungan manah tatag, purun nêmpuh dhatêng bêbaya ingkang sarwa nyamari. Ewasamantên, sanadyan ruwêt rêntêng wau sampun kenging dipun sirêp, ugi mêksa dèrèng sagêd nêtêpakêsnêtêpakên. lantantuninglastantuning. tata têntrêmipun. Punika nandhakakên bilih kawontênanipun Tiongkok pancèn sarwa gawat, kêdah botên kenging uwal saking pangrêgêming pangagêng ingkang linangkung.

Manawi dipun padosi sabab-sababipun, kawontênan ing Tiongkok punika tuwuhipun jalaran saking pandhêsêking daya liyan. Manawi mirid saking wontêning rêmbagipun Tiongkok kalihan Jêpan, pinanggihipun sampun sae, cêpak pinanggih rukunipun. Nanging ugi taksih wontên sabab manawi dipun urut-urut ugi lajêng anggayut dhatêng Jêpan. Kados ta ing Tiongkok lèr kilèn, wontên wadya cacah 100.000 ingkang dipun tundhung saking jajahan Mansuriah, mênggah jalaranipun, wadya wau dipun wajibakên supados nanggulangi têtiyang awon golongan Komunis bangsanipun piyambak, kawêkasanipun wadyabala wau sami kasoran,

--- 521 ---

salajêngipun botên purun malih dipun ajêngakên. Ing ngriku lajêng nuwuhakên panggrayang, punapa mênggah ingkang dados jalaranipun, têka lajêng wontên lêlampahan kados makatên. Inggih bab makatên punika ingkang lajêng nabêt saha nuwuhakên pasrawunganipun Tiongkok kalihan Jêpan saya mrênding. Dene wêkasanipun, ubad-ubêding nalar sagêd anggayut dhatêng ebah-ebahan Sian wau. Malah ugi anggayut bab absahing adêgipun Mansukuo ingkang dipun sayogyani dening Jêrman tuwin Itali.

[Iklan]

Ing ngriku parentah Tiongkok saya jêmbar wawasanipun, sawarnining sabab-sabab ingkang adamêl ruwêd utawi damêl pêpalangipun Tiongkok dipun sisihakên, malah lajêng ngêbang dhatêng bôngsa Tionghwa Komunis manawi purun nguwalakên paprentahanipun, tuwin misah saking golonganipun, badhe dipun sukani kaomberan kenging malêbêt dhatêng kalanganing parentah malih. Dados pangudinipun parentah Tiongkok ingkang kados makatên punika manawi sagêd kasêmbadan, tamtu badhe amêwahi kasantosanipun praja.

Mirid andharan ingkang kados makatên wau, têtela bilih lêlampahan punika tiyang dèrèng sagêd namtokakên badhe kadadosanipun, lêlampahan ingkang sarwa nyamari tuwin ambêbayani, sagêd ugi pinanggihipun dados sae. Kosok wangsulipun ingkang ngajêng sakeca malah damêl karisakan ing têmbenipun.

--- [522] ---

Pangantèn ingkang Nêmbe Kondur saking Lêlana

[Grafik]

Sampun dangu ing mèh sabên sêrat kabar martosakên ing bab Sri Paduka RajapugriRajaputri. Juliana sakalihan anggèning tindak lêlana ing sabibaring dhaup. Ing sapunika Sri Paduka Rajaputri sakalihan wau sampun kondur dhatêng praja.

Tindak dalêm sakalihan wau ngantos dumugining kondur kadamêl wados, dados tindak dalêm wau kadosdene nylamur. Malah kondur dalêm wau sadumugining praja inggih botên kasumêrêpan, namung kakintên tiyang lugu wangsul saking kêkesahan. Nanging mênggah nyatanipun wontên ing purug, saênggèn-ênggèn tansah dipun wigatosakên ing ngakathah.

Ingkang kacêtha ing gambar, ingkang nginggil piyambak, rajaputri sakalihan wontên ing Mittersill. Ngandhapipun, nuju wontên ing patamanan ugi panggenan ngriku. Nomêr tiga rajaputri sakalihan wontên ing Schmittenhohe ingkang inggilipun 2000 mètêr. Rajaputri lênggah ing têngah Prins Bernhard jumênêng ing pêngkêran. Ing ngandhap piyambak, rajaputri sakalihan lêlangên, ski wontên ing Zell am See.

--- 523 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Padpindhêr

IV

Petruk : Wis, Kang Garèng, saiki rungokna, tak banjurne katêranganaku ing bab planggarane padpindhêr kuwi, yaiku: e. Nyinau urip ana ing têba, sarana anênangi rasa trêsna nyang alam, apadene anênangi murih wêdi nyang Pangeran.

[Grafik]

Garèng : Mêngko sik, Truk, aku arêp nyêlani rêmbug. Prakara kang kapisan, iki rada kangelan, sabab banjur kayadene bijig-bijigan karo pangudi mênyang kasarasan. Jarene bocah kuwi wiwit cilik kudu tansah dijaga aja nganti masuk angin, mundhak... mèncrèt, mundhak sêtip, lan êmbuh mundhak apa manèh, mulane papan paturone iya kudu dijaga sing bêcik, sing brukut, nganggo kasur barang, Truk, nanging wusanane dikon sinau urip ana ing têba. Apa iki ora jênêng bijigan karo pranatan ing ngarêp. Sabab si bocah wis kabanjur kulina turu ing panggonan sing kêpenak, nganggo mêndut-mêndut, papan sing brukut, nganggo klambu tilê barang, ana kok banjur dikon sinau urip ing têba, têgêse: dikon urip ana ing sajaban omah, dadi dikon turu ana ing jaba, bokmanawa mung nganggo klasa thok, malah bisa uga dikon lagaran bae. Wayah, bocahe kuwi mau ambok dikon sinau urip cara kêpithing pisan, dikon kungkum ana ing kali, cikbèn ing besuk bisa dibênum dadi... yuyu kangkang.

Petruk : Hara, kon banjur nglêmpara mêngkono. Mula iya nyata, bocah saiki kiyi, saka trêsnane wong tuwane, sok dikulinakake kêpenak bangêt kae, pangane dienak-enak: bêstik-bêstikan, krokèt-kroketan, turune iya nyang kasur sing mumbul-mumbul kae. Mulane kêcorok ing bêsêngèk tempe bae, wis mulês, turu ora nganggo kasur, esuke banjur masuk lesus. Wis mêsthi bae yèn gêdhe tuwane banjur katêlah: radèn cacingên, jalaran saka kuru lan ringkihe awake mau. Aku iya ngandêl yèn nalika cilike kudu dijaga kawarasane sing têmênan. Nanging nèk wis rada gêdhe sathithik, wis rada kuwat awake, kudu disinau [di...]

--- 524 ---

[...sinau] urip sing rada ngrêkasa sawatara, prêlune cikbèn ing besuk bisa kakal awake. Ana ing padpindhêr kono bocah-bocah padha sinau urip sing rada rêkasa mau, kaya ta: bêbarêngan karo bocah akèh nganakake pakuwon ana ing ara-ara, sing dipangan, olah-olah dhewe, turu iya mung glangsar ana ing kono bae, nanging jalaran kancane akèh, pangrasane bocah kayadene mung dolanan bae, dadi ora krasa, rasane mung sênêng bae. Hla, dadi ing kono bocah rumasane mung sênêng-sênêng, nanging sanyatane ngulinakake urip ana ing têba.

Garèng : Nèk mêngkono aku iya ngandêl, sabab wong kuwi yèn lagi sênêng, kabèh lêlara nyang awake sok cabar, kayadene aku bae biyèn, yèn mapan turu liwat jam rolas, wah, esuke karipane têlung dina dhewe, nanging saikine sawêngi ora turu, iya mung angglègès bae. Lo kuwi ing sakawit anggonku nyinau kuwat mêlèk mau, iya sarana tapa têmênan, nanging sarèhne kancane akèh, iya ora krasa rêkasa bangêt, malah atine sênêng bae, sanadyan kadhangkala esuke ana ing kono kêpêksa ninggal... sagajihan.

Petruk : Wis, wong sêmbrana, dadi tapane sinau mêlèk karo kônca-kancane mau, awujud... main.

Garèng : Ha iya, rak padha bae, ta, aku sinau mêlèk sarana sênêng-sênêng, yaiku: kowah. Bocah kudu sinau urip ana ing têba, iya sarana sênêng-sênêng karo bocah akèh, yaiku dadi padpindhêr. Dadi: cocog aku, saiki: sinau trêsna nyang alam. Hla iki wong Jawa pancèn ora duwe rasa trêsna nyang alam kuwi. Awit kaanane alam ing tanahe dhewe kiyi, wiwit aku isih gombak nganti tumêkane rambutku nyambêl wijèn iki, wujude ora ngalih-ngalih, iya mung kaya ngono bae. Priye anggone arêp dhêmên utawa trêsna, malah anduwèni bosên, nyata.

Petruk : Kuwi ora liya sababe: wong kowe ora sok gêlêm nênitèni lan angrasakake, yèn kowe gêlêma nênitèni lan ngrasakake, mêsthi sênêng andêlêng sêsawangan ing pagunungan kang kabèh-kabèh sarwa adi lan sarwa asri, yèn kowe gêlêm nênitèni, ana ing alas upamane, kowe mêsthi banjur anduwèni pangrasa kayadene kabèh wit-witan, kabèh têtanduran kuwi iya urip kayadene aku kowe iki. Obahing panging wit-witan kayadene lagi ngawe-awe bedhangane, kêmrêsêking gêgodhongan, kayadene lagi omong-omongan pating klisik angrêmbug butuh. Ing kono suwe-suwene ora kêna ora kowe mêsthi banjur kêtuwuhan rasa trêsna marang kaanane alam iki.

Garèng : Wèh, caturane wong ngimpi iki. Suwe-suwe bokmanawa kowe anêrangake kluruking jago: kukuluruk, karêpe: ora yauk, unining kêpodhang: kênthilêng kênthilêng, karêpe: ora andêlêng, ora dêlêng, lan ocèhing êmprit: thit thit thit: karêpe iya: moh laki, moh laki...

Petruk : Wayah, ana thit thit, têka ditibakake: [diti...]

--- [525] ---

[...bakake:] laki, kuwi kêpriye.

Garèng : Kuwi sabab saka ngayawarane rêmbugmu mau, Truk. Ewasamono saiki padha dibanjurake rêmbuge ing ngarêp. Pangudi murih bocah wêdi nyang Gusti Allah, hla, iki aku cocog bangêt, Truk. Awit, bocah sing wiwit cilik disinau kon wêdi bangêt nyang Gusti Allah kuwi gêdhe tuwane ing besuk mêsthi bakal slamêt. Jalaran rumasane: Gusti Allah kuwi ana ing ngêndi-êndi, mulane kabèh tandang tanduke, Gusti Allah tansah anguningani. Ing sarèhne duwe rumasa Gusti Allah anguningani kabèh solah-tingkahe, arêp tumindak apa bae, luwih dhisik takon nyang atine dhewe mangkene upamane: aku nglakoni iki, kira-kirane apa ora didukani karo ndara Gusti Allah, hla, sabanjure nuli ana timbangane, sabab wêdi bangêt karo Gusti Allah, yèn arêp anglakoni apa-apa sing kira-kira dadi dukane Gusti Allah, iya banjur ora wani nglakoni. Sabanjure sing dilakoni kuwi iya ngêmungake sing dadi krêsane Gusti Allah bae. Mara, apa iya ora bakal slamêt uripe.

Petruk : Sukur yèn kowe wis mupakat, saiki tak banjurne: f. Ngolah landhêping pôncadriya, lan nyinau anênitèni.

Garèng : Mê-ka-kat, Truk. Sabab sanyatane, saka kêpenake uripe, pôncadriyane manusa kuwi saiki kêthul kabèh. Kayadene aku dhewe kiyi bae, pangambuku awase yèn kêsasaran ambune... sambêl gorèng. Hla, banjur kêthuling panduluku, Truk, wah, wis kêbangêtên têmênan. Anggonku ngincang-ngincêng ana ing kali suwi bangêt, tiwas wis bungah, barêng tak cêdhaki jêbul... tunggak.

Petruk : Wayah, hla wong kowe, awasing pandulu jêbul arêp kanggo ngincang-ngincêngi wong adus. Kandhamu kuwi mula iya bênêr, Kang Garèng, uripe manusa kuwi pancèn digawe kêpenak bangêt, ora prêlu kudu tansah niling-nilingake kupinge, malah sing rada suda pêmirêng, wis ana pirantine sing kanggo ngrungokake kanthi trawangan, yèn pandulune kurang awas, wis ana kacamripat, mangkono saurute. Jalaran saka iku mulane banjur ora pati mrêlokake anggone migunakake pôncadriyane. Lading kuwi bae yèn ora tau diasah, suwe-suwe iya kêthul, mêngkono uga pôncadriya, yèn ora tau diolah suwe-suwene iya dadi kêthul. Hla, ana ing padpindhêr kono bocah-bocah padha disinaoni ngolah landhêping pôncadriyane mau, mara apa ora bêcik kuwi, Kang Garèng.

Garèng : Wah, iya bêcik bangêt. Luwih manèh sinau anênitèni, iki pancèn gêdhe bangêt gunane, Truk. Wong ahli nênitèni kuwi upamane, wêruh sakêclapan iya banjur ngrêti: iki wong potongane kabèh-kabèh bêcik. Irunge ambangir, lambene dhamis, pipine andurèn sajuwing, mripate mancêrêng, gênah... lantap.

Petruk : Lo, sing dititèni têka mung bangsane wanita bae. Ora mêngkono, Kang Garèng, padpindhêr disinau anênitèni, kuwi karêpe: yèn wêruh apa-apa, aja mung wis wêruh iya uwis, nanging kudu bisa nyathêt apa sing prêlu-prêlu.

--- 526 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKI

Cacahipun tiyang wuta ing saindêngipun tanah ngriki. Miturut panitipriksa, ing salêbêting laladan tanah ngriki punika têtiyang ingkang wuta wontên 136.000. Peranganipun ing Jawi Wetan wontên 41.000. Jawi Têngah wontên 34.000 kalêbêt tanah Karajan Jawi. Jawi Kilèn wontên 29.000. Ing Sumatra wontên 20.500. Dene gunggungipun têtiyang wuta ingkang bisu wontên 23.000.

[Grafik]

Barisanipun Roode Kruis. Inginggil punika gambaripun barisan Roode Kruis ing Balikpapan, Borneo. Ing sêrat-sêrat kabar ugi sampun martosakên ing bab wontênipun barisan wau.

Mr. Dr. R.Ng. Subroto pindhah dhatêng Bêtawi. Wontên pawartos, Mr. Dr. R.Ng. Subroto, Gedeputeerde ing Jawi Wetan badhe katêtêpakên dados ambtenaar ter beschikking tumrap Directeur Binnenlandsch Bestuur ing Bêtawi. Malah miturut wartos pindhahipun dhatêng Bêtawi punika kêsêsa.

Panggaotan tenun ing Cirêbon saya majêng. Kala tigang taunan kêpêngkêr kawontênanipun panggaotan tênun ing Cirêbon namung kawan panggenan, sami gadhahanipun tiyang siti. Nanging sarêng panggaotan bathik ing Trusmi tuwin Plumbon salaladanipun mundur, lajêng tuwuh panggaotan tênun. Ing sapunika ing salêbêting kitha kemawon wontên 15 panggenan, dèrèng kapetang wontên ing dhusun-dhusun.

K.T. Ingkang Wicaksana Graaf Limburg Stirum. Ing tanggal 19 wulan punika K.T. Ingkang Wicaksana Graaf Limburg Stirum wontên ing Malang, rawuh ing Zendingsziekenhuis Sukun tuwin panggenan sanès-sanèsipun ing Malang. Tanggal 21 têdhak sanatorium Batu tuwin dhatêng Zendingpost Mojowarno, dipun dhèrèkakên Residèn Malang.

Begal kêtanggor. Ing sacêlakipun dhusun Manggaran bawah Situbondo wontên bangsa Tionghwa Santung idêr bangsaning sutra-sutra sapanunggilanipun. Nalika lumampah wontên margi ingkang sêpên wontên tiyang tiga nêdya mbegal tiyang wau, nanging sarêng dipun têmpuh, bangsa Tionghwa wau nandhingi kanthi dêdamêl elon, tuwin tiyangipun pancèn sagêd konto, durjana tiga sarêng nêmpuh mawi dêdamêl kenging dipun tangkis kalihan elon, durjana tiga pisan sami kêtaton, dêdamêlipun sami uwal, salajêngipun durjana tiga pisan kenging dipun pikut dening bangsa Tionghwa wau kaêrut dados satunggal kabêkta dhatêng kapulisèn.

Mulo Muhammadiyah ing Ngayogya. Miturut wartos, pangrèh agêng Muhammadiyah ing Ngayogya badhe ambikak pamulangan Mulo mawi dhêdhasar basa Jawi. Murid ingkang dipun tampèni wêdalan saking pamulangan Jawi angka kalih. Ing sapunika sawêg ngrancang pados gurunipun. Manawi sagêd rampung badhe kawiwitan wontên ing wulan Augustus ngajêng punika. Dene manawi botên sagêd inggih badhe wontên wulan Augustus taun ngajêng.

Congres Persatuan Pegawai Spoor dan Tram. Kala tanggal 23, 24 tuwin 25 wulan punika P.P.S.T. ngawontênakên congres wontên ing Bêtawi. Tanggal 23 April 1937, pêpanggihan, manggèn ing gêdhong Unietheater, Mr. Cornelis, wiwit jam 8 sontên. Tanggal 24 siyang parêpatan wontên ing gêdhong Balai Rayat Jatinêgara, jam 8 enjing. Tanggal 24 jam 8 dalu parêpatan tutupan, wontên gêdhong B.R.D. Tanggal 25 parêpatan ing gêdhong Unitheater, jam 9 enjing.

K.T. Ingkang Wicaksana sampun kondur. Ing dintên Rêbo tanggal 21 wulan punika K.T. Ingkang Wicaksana sampun kondur saking anggènipun têdhakan, sadumugining Tanjungpriok dipun papag para pangagêng, salajêngipun kondur dhatêng Bogor.

Buku bab kapuk. Bêbadan ingkang nama "Kapok Centrale" ingkang madêg ing Bêtawi, ngêdalakên buku sêbaran rinêngga ing gambar, ingkang kajêngipun angajêngakên padagangan kapuk randhu. Dene kapuk randhu punika pigunanipun agêng sangêt, kenging dipun wastani têtiyang sajagad sami migunakakên. Saking kawigatosanipun wau ngantos madêg bêbadan ingkang kanthi kêkancinganipun Parentah. Mênggah tumindaking damêl babadan punika anitipriksa kanthi dêdasar kawruh ing bab tumindakipun ngupakara dumugi pigunanipun. Buku sêbaran punika kadamêl basa warni-warni. Kasêbarakên dhatêng pundi-pundi. Kajawi punika bêbadan punika ugi ngintunakên wêwakilipun dhatêng papan-papan karamean.

Kabudidayan sêkar mlathi. Ing bawah Pêkalongan wontên kabudidayan sêkar mlathi pintên-pintên panggenan, kados ta ing Boom Pêkalongan, Samaran, Bandêngan, Sêmut, Wiradesa, Kêdungwuni, Kajèn tuwin ing Batang. Sêkar mlathi wau ingkang nama dados padagangan agêng tumrap ingkang kangge ngukup tèh, sagêd adamêl eca lan aruming tèh. Panyadening sêkar wau botên ngêmungakên wontên ing bawah Pêkalongan kemawon, ugi ngantos dhatêng sanès panggenan, kados ta dhatêng Sêmarang tuwin Jawi Têngah sanès-sanèsipun. Rumiyin sakati ngantos pajêng f 1.25, nanging sapunika namung pajêng 14 sèn. Wontênipun mandhap ngantos samantên, amargi saking kathah ingkang sami nanêm.

Lindhu ing Padang. Kala dintên Jumuwah kêpêngkêr ing Padang kraos wontên lindhu kêncêng, ing sadèrèngipun lindhu wontên suwara anggêrêng ing salêbêtipun siti. Lindhu ing Padang punika tumrap observatorium ing Bêtawi botên nyathêt punapa-punapa.

B.K.P.A. Suryoamijoyo badhe kondur. Wontên wartos, B.K.P.A. Suryoamijoyo, utusan dalêm inggih wêwakil dalêm Nata Surakarta ingkang anjênêngi pikramèn dalêm Raja Putri Juliana, benjing tanggal 6 Mèi ngajêng punika kondur, nitih kapal Huygens saking Genua.

--- 527 ---

Cacahipun padvinder ing tanah ngriki. Pakêmpalan De Nederlandsch-Indische Padvinders mêntas ngawontênakên parêpatan, dipun jênêngi ing Eerevoorzitter Tuwan C. van den Bussche, Vice-President Raad van Indie. Sasampunipun mêdar sabda lajêng dipun pasrahakên dhatêng Voorzitter Dr. W.F. Theunissen. Ingriku ngawontênakên rêmbag ing bab prangko Jamboree. Kajawi punika ugi mèngêti lêbêtipun padvinder saking Mangkunagaran Surakarta 4000. Dumugi sapunika ingkang malêbêt dados padviderpadvinder. wontên 9500 jalêr, 2600 èstri, dados sadaya gunggung wontên 12.100.

Pamulangan kêkathahên murid. Ing Bêtawi wontên Europeesche Lagere School ingkang kêkathahên muridipun. Pancènipun bab punika botên andadosakên kêparêngipun Departement Pangajaran. Sêkolahan ingkang kêkathahên murid wau ing Generaal Staallaan, wontên klas ingkang muridipun langkung 49, ing Burgermeester Bisschopplein wontên klas ingkang muridipun ngantos 57. Bab punika lajêng dados panggalihanipun ingkang wajib.

Kuli kapal majêng malih. Ing Tanjungpriok wontên papan panggenan kuli ingkang katêtêpakên nyambut damêl wontên ing kapal, panggenan wau nama Uniekampung, gadhahanipun Stoomvaart Maatschappij Nederland, Rotterdamsche Lloyd. J.C.J.L. tuwin K.P.M. Ingajêng kuli-kuli ingriku punika kantun sakêdhik, jalaran saking munduring padamêlan. Ing sapunika kuli-kuli wau katingal kaajêngakên, badhe ngangge 1700 utawi 1800, ajêngipun wau ugi jalaran saking ajênging barang momotan ingkang minggah saha ingkang dhatêng saking kapal. Ajênging padamêlan wau tansah mindhak-mindhak.

Papan paboyongan kangge bangsa Madura. Dr. E. de Vries, Wd. Hoofd afdeeling Algemeene Economische Aangelegenheden en Cooperatie ing Departement Economische Zaken sampun wangsul saking anggèning papriksa kawontênanipun papan panggenan ing Sêlêbês Kidul, pulo Buton tuwin Muna. Ingkang kawigatosakên mriksa panggenan ingkang wigatos kangge pamisayan ulam, badhe kangge papan bangsa Madura.

Nyatakakên kêbon wowohan cobèn-cobèn ing Malang tuwin Pasuruan. Tuwan J.J. Ochse tuwin Prof. Sprenger sampun sami dhatêng Malang tuwin Pasuruan, pêrlu nyatakakên kawontênanipun kêbon wowohan cobèn-cobèn ingriku.

Toya Têlagawarna mawa racun. Ing Têlagawarna, Bogor, wontên bangsa Tionghwa ahli nglangi, ingkang dèrèng dangu mêntas wangsul saking Eropa, adus dhatêng Têlagawarna kalihan kancanipun bangsa Batak. Tiyang kalih wau sami langèn wontên ingriku, ingkang padatan botên nate kangge adus tiyang. Sawangsulipun sakingriku sami kêraos sakit badanipun, salajêngipun dados sakit rêkaos, wusana andadosakên ngajalipun. Sarêng kapriksa ing doktêr, tiyang kalih wau sami kenging racun warangan, racun wau malêbêt ing badan nalika sami adus. Mênggah sajatosipun tlaga wau kawahipun rêdi latu ingkang sampun pêjah.

Durjana ing Cibarusa kakintunakên dhatêng Bogor. Sampun sawatawis dintên para durjana ing Cibarusa ingkang sampun kêcêpêng sampun sami kabêkta dhatêng Bogor, sadaya wontên kalih dasa, kajawi punika taksih dipun udi sagêdipun kêcêpêng panunggilanipun. Durjana ingkang kêcêpêng wau sampun kathah ingkang mawa bukti. Nanging sadaya wau kapetang dèrèng durjana ingkang pangajêng.

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupernur Jawi Wetan, Mas Sutowo tijd. wd. adjunct jaksa Landraad ing Pacitan, Paresidenan Madiun, dados tijd. wd. asistèn wêdana Paresidenan Bojonêgoro.

Bab ewah-ewahan pangangge. Miturut wartos badhe ewah-ewahaning pangangge punggawa nagari, très ing lêngên ical, santun pang-pangan waringin êmas, tumumpang lakên cêmêng. Manawi ngangge jas tutupan, cêplok wau kapasang ing gulon. Manawi ngangge jas bikakan kapasang wontên ing gulon krah.

Rekadaya kangge nyirêp têtyangtêtiyang. nyolong tosan. B.P.M. ing Cêpu gadhah tindak pêrlu kangge nyêgah têtiyang nyolong tosan. Rekanipun: Sawarnining tosan ingkang sumêbar ing panggenan-panggenan pangêburan B.P.M. kenging dipun pêndhêti ing tiyang, nanging kêdah dipun sade wangsul dhatêng B.P.M. salajêngipun dipun klêmpakakên wontên ing Cêpu. Dados tindak makatên punika sami sakecanipun.

EROPA

Inggris ngèngêtakên dhatêng Sêpanyol. Parentah Inggris suka pêpèngêt kawrat sêrat dhatêng golongan Sêpanyol ingkang sami pêpêrangan, sampun sami migunakakên gas racun. Bab punika sampun wontên katrangan saking Valencia, nanging saking Jendral Franco dèrèng.

ASIA

Hawa asrêp. Mrèmèning bêbaya kêluwèn ing laladan Shansi tuwin Suiyuan ragi lêrêm, jalaran ingriku wiwit asrêp, dipun sarêngi jawah salju. Têtiyang tani ing Taiyuan, Wutai tuwin Tatung sami bingah. Tanêman-tanêman kintên-kintên sagêd kêtulungan. Tumrap lampah anggêgana sanadyan pinanggih awon, nanging botên kandhêg lampahipun.

Kathah bayi ngajal tuwin kêluwèn. Miturut wartos, ing laladan Kweichow wontên bayi langkung 3000 sami ngajal jalaran diphtherie, typhus tuwin sêsakit sanès-sanèsipun. Tuwuhing sêsakit wau jalaran saking hawa bêntèr ing mangsa têrangan. Kajawi punika ing laladanipun 75 distrik wontên tiyang 5 yuta sami kêluwèn.

Tilas jendral dipun cidra. Sampun dangu wontên tilas jendral Roes nama Karpinsky ical botên kantênan wontên Beyrouth, ing sapunika wontên juru misaya ulam manggihakên layonipun. Ingriku dèrèng sagêd nêtêpakên tiwasipun wau jalaran saking punapa. Wontên ingkang ngintên jalaran saking pandamêling golongan kuminis.

Prahara ing Jêpan. Ing Hokkaido tuwin Saghalien kidul mêntas wontên prahara, anjalari wontên ombak agêng ing sagantên. Lampahing sêpur ing Saghalien kandhêg, telpun sami pêdhot. Ing sacêlakipun Otmari wontên undhagi (tukang kajêng) 15 sami ical, ing Ochiai 30, ing Moka wontên tiyang 2 kêblabak.

Ura-uru ing tapêl watês Indu. Miturut wartos, wadya Inggris ingkang badhe midana golongan ambalela ing tapêl watês Indu kidul kilèn wiwit ebah badhe ngrosani murih para ambalela sami nungkul, saha kêlampahan lajêng sirêp. Papan panggenanipun tiyang ingkang ambalela wau jêmbaripun wontên 60 mil pasagi, dumunung ing parêdèn mawa jurang pèrèng sakalangkung cêrung, rêkaos dipun dhatêngi ing wadya Inggris. Papan kados makatên punika prayogi sangêt kangge papan nêmpuh ngêgèt.

AUSTRALIE

Awisan tumrap kapal ngamanca ing Australie. Jalaran saking wontênipun kapal Jêpan pados mutyara ing lautan lèr Australie ingkang botên absah, parentah Australie lajêng ngawontênakên awisan sawarnining kapal ngamanca botên kenging ngambah ngriku. Sawarnining kapal ingkang nêrak awisan punika, badhe kabêskup, dene ingkang nguwaosi kapatrapan ukuman kunjara. Ingriku kapal nganglang kanthi dêdamêl sanjata mêsin.

--- 528 ---

Wêwaosan

Saribang

Pêpiridan saking buku karanganipun Baronesse Orczy

54

Sarêng sampun watawis gangsal mênit, Dhèsgas wangsul mriku malih, anganthi tiyang bôngsa Yahudi sampun sêpuh, saha ingkang panganggenipun sampun rêgêd sangêt. Rambutipun ingkang abrit katingal ambaluwuk sajak botên nate kambêtan toya. Cêkak aos, warninipun tiyang Yahudi punika botên ngrêmênakên sayêktos, lampahipun sajak wungkuk kadosdene padatanipun tiyang Yahudi. IngkaIngkang. jalaran kabêkta saking tangkêpipun tiyang sanès ing jaman kina dhatêng bôngsa Yahudi umumipun, inggih punika: siya-siya, ngina, angrèmèhakên, lan sasaminipun. Lumêbêtipun Yahudi ing kamar ngriku wontên ing sawingkingipun Dhèsgas, lampahipun suku sajak kasèrèt, kadosdene padatanipun tiyang Yahudi ingkang pangupajiwanipun anumbasi lan anyade barang-barang lami.

Nyumêrêpi tiyang Yahudi wau, Sopêlin enggal-enggal suka sasmita, supados tiyang Yahudi wau sampun ngantos nyêlak cakêt, nanging kêdah ingkang têbih kemawon. Ngadêgipun tiyang têtiga wau kalêrês wontên ing ngandhaping dilah, ingkang punika Lèdhi Blakêne sagêd anguningani kanthi cêtha.

Sopêlin apitakèn: Apa iki wonge.

Dhèsgas amangsuli: Sanès, tuwan. Rubên botên pinanggih, sêmunipun sampun pangkat kalihan tiyang Inggris wau. namung punika tiyang sagah ambantu ada-adanipun ngriki sarana bayaran sakêdhik.

Kadosdene padatanipun tiyang ingkang asor drajatipun, tiyang Yahudi wau lajêng ngadhêp dhatêng pangagêng tanpa cariyos sakêcap-kêcapa, ngêmungakên angêntosi manawi sampun wontên pandangunipun paduka tuwan bêsar wau.

Salajêngipun Sopêlin lajêng apitakèn makatên: Tuwan iki carita nyang aku yèn kowe wêruh kabare mitraku bôngsa Inggris kang dêdêge dhuwur, sarta aku kêpengin anêmoni. Mêntas cariyos makatên wau, dumadakan Sopêlin mundur sapêcak kalayan cariyos nyênthok makatên: He, sing adoh, aja cêdhak-cêdhak.

Kalayan suwara kalêmak-kalêmèk sarta sêmu ajrih tiyang Yahudi amangsuli makatên: Inggih, tuwan bêsar. Kula tuwin Rubên ing cêlak ngrika wau dalu pinanggih kalihan tiyang bôngsa Inggris ingkang inggil dêdêgipun.

Sopêlin: Apa kowe nganti omong-omongan karo wong mau.

Tiyang Yahudi: Piyambakipun mila inggih omong-omongan kalihan kula kêkalih. Piyambakipun apitakèn punapa sagêd nyewa grobag sakapalipun prêlu badhe katumpakan dhatêng satunggiling panggenan ing dalu punika.

Sopêlin: Banjur kêpriye wangsulanamu.

Tiyang Yahudi sêmu sêrik manahipun lajêng amangsuli: Kula botên cariyos punapa-punapa. Rubên punika pancèn tiyang...

Kanthi kasar Sopêlin anyêlani wicantên makatên: Bab iki aku ora arêp mrêduli. Ayo, têrangna sing talêsih.

Tiyang Yahudi: Makatên, tuwan. Nalika kula badhe ngaturakên kareta kula sakapalipun pisan dhatêng tiyang Inggris ingkang agêng inggil punika, dumadakan si bajingan Rubên sêmlonong nawèkakên grobagipun tuwin kapalipun ingkang kêra sangêt.

Sopêlin: Sauwise wong Inggris mau banjur kapriye.

Tiyang Yahudi: Dilalah tiyang Inggris wau milih grobagipun Rubên. Piyambakipun lajêng mêndhêt arta mas saking kanthongipun sathekruk, kaiming-imingakên dhatêng Rubên, sarwi wicantên, bilih arta samantên kathahipun punika, badhe kasukakakên dhatêng Rubên, manawi jam sawêlas thèng sagêd nyadhiyakakên grobag kalihan kapalipun wontên ing panggenan ingkang sampun katêmtokakên.

Sopêlin: Mêsthine grobag lan jarane mau iya disadhiyakake têmênan.

Tiyang Yahudi: Mila inggih makatên, tuwan bêsar. Kapalipun Rubên punika salami-laminipun pincang, wiwitipun kapal wau beka botên purun mingsêr saking panggenanipun. Sasampunipun dipun gêbagi ngantos sasayahipun, sawêg purun galiyak-galiyak lumampah.

Sopêlin: Sauwise apa banjur pangkat.

Tiyang Yahudi: Inggih, sampun pangkat, kirang langkung gangsal mênit kapêngkêr. Pancèn inggih bodho tiyang mônca punika, ingatasipun tiyang Inggris, lo. Rak kêdah nyumêrêpi, yèn kapalipun Rubên punika botên sagêd lumampah. Ing bab punika sampun kula èngêtakên, mêksa botên pitados kemawon. Cariyosipun sabab kêsêsa. Manawi pancèn kêsêsa, rak aluwung ngangge kapal kula.

Sopêlin: Kowe apa iya duwe kreta lan jaran.

Tiyang Yahudi: Sampun têmtu, kangjêng tuwan, lan manawi kangjêng tuwan badhe ngagêm... badhe nututi grobagipun Rubên.

Sopêlin: Apa kowe wêruh nyang ngêndi parane mitra wong Inggris mau. Badhe kasambêtan.

--- 61 ---

Nomêr 16, taun II

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Rêbo

Ayam Lehorên (Leghorn) ing Blora

[Grafik]

Ingah-ingahan ayam ing nagari Pilipinên.

Sanajan kawontênanipun sêsakit ayam sangêt anggêgirisi, ngantos sagêd nêlasakên ayam sakandhang, utawi wontênipun sêsakit wau ngantos sagêd tigang rambahan ing dalêm sataunipun, panjênêngan sadaya sampun enggal kapok lajêng botên karsa ngingah ayam malih. Prayoginipun panjênêngan sadaya mugi karsa ambantu kadospundi sagêdipun ingah-ingahan ayam wau wontên kamajênganipun kados wontên ing Eropah, ayam punika satunggiling ingah-ingahan ingkang ngrêjêkèni sangêt, anggêr tiyang sami ambêtahakên ulam utawi tiganipun. Dados sampun samêsthinipun panjênêngan sadaya sami karsa anyaèni kawontênanipun ayam-ayam.

Nalika taun 1934 panjênênganipun tuwan dhoktêr kewan ing Blora andhatêngakên sawung lehorên lajêng kapasrahakên para lurah dhusun. Mênggah karsanipun, sawung pamacêk wau sagêda nurunakên ing padhusunan. Ayam lehorên punika satunggiling ayam ingkang misuwur kathah tiganipun tur inggih agêng-agêng.

Kula piyambak ugi kanggenan sawung lehorên kalihan babonipun. Ing sakawit gêsangipun kuthuk-kuthuk, inggih punika turunipun ayam wau rêkaos sangêt, kathah ingkang sami pêjah. Saya dangu ayam sagêd kulina hawa ing Blora, kuthuk-kuthuk sagêd gêsang sae, nanging ingkang ambibit kathah, sabagean agêng bôngsa Tionghwa.

Kula pun Sri.

--- 62 ---

Anjodhokakên Anak Èstri

Sambêtipun Jagading Wanita ing Kajawèn nomêr 32

Tiyang sêpuh ingkang anggadhahi prawan, manahipun tansah akêtir-kêtir, panjaginipun dhatêng anak ngatos-atos sangêt, botên kenging weya sakêdhik-kêdhika. Panjagi ingkang kados makatên punika dipun paribasakakên: lir satru munggwing cangklakan. Têgêsipun: saking agênging sujananipun saha sangêting pangatos-atosipun, supados wilujênging anak saha badanipun piyambak, ngantos kadosdene anjagi satru sêkti sampun ngantos adamêl tiwasing badanipun. Mila makatên, awit manawi anakipun èstri ngantos ucul saking kêkêran, cara dhusunipun ngantos kêtronggongan, gèk saiba wirangipun tiyang sêpuh.

[Grafik]

Nyi Darmaprawira.

Rara Murtini ing Kajawèn wêdalan taun 1936 ôngka 99 nêrangakên têgêsipun paribasan: satru munggwing cangklakan, anak punika satruning biyung sayêktos, katôndha saking ukara ingkang mungêl makatên: anak wadon iku satru munggwing cangklakan. Bokmanawi sanès kula kemawon ingkang ngraos botên sakeca bilih mirêng têmbung ingkang kados makatên wau.

O, rara, anggèn panjênêngan nêgêsi punika lêpat (nuwun sèwu, sampun duka lo), paribasan punika kados sanepa. Manawi paribasan punika panjênêngan têgêsi sawantahipun harak kojur, sumôngga punika kula ngaturi paribasan: cebol anggayuh langit, katepan ngrangsang gunung, dudu bêrase ditêmpurake, swargane anak ana sangisore dlamakane ibu, êmprit abuntut bêdhug, saha sanès-sanèsipun malih.

Tiyang ingkang ngungêli dhatêng anak èstri ingkang lampah nasar: satru munggwing cangklakan, punika kula piyambak têka dèrèng nate mirêng. Dene ukara panjênêngan ingkang mungêl: kula para pawèstri kêdah ngatos-atos sangêt, inggih tumrap dhatêng anak èstri piyambak, kêdah langkung ngatos-atos sangêt ing satingkah-polah, lan satindak-tandukipun. Inggih patrap ingkang kados makatên punika ingkang dipun paribasakakên satru munggwing cangklakan. Dados sok makatêna, panjênêngan sampun mathuk, botên prêlu dipun icali, harak inggih ta, nun.

Tiyang sêpuh ingkang anggadhahi prawan punika kajawi ngatos-atos panjaginipun, inggih mrihatosakên anakipun tumuntêna angsal jodho ingkang dados panujuning manahipun, awit manawi botên tumuntên angsal jodho: isin, kuwatos manawi anakipun botên pajêng laki. Makatên kalimrahanipun.

Inggih jalaran saking isin wau, ngantos tiyang ingkang taksih sakêdhik sêsêrêpanipun, anggèning anjodhokakên anakipun èstri lajêng kasêsa, ngantos botên ngèngêti prêlu sanèsipun, kathah lare èstri ingkang umuripun taksih

--- [63] ---

kirang saking 15 taun sampun kaimah-imahakên, pathokanipun botên sanès inggih namung dupèh sampun anggarapsari kemawon. Môngka lare punika: jalêra èstria yèn sakintên dèrèng sagêd nyêpêng balegriya, dados bapa biyung ingkang sampun mangrêtos, tartamtu ing akiripun kirang utawi botên prayogi kadadosanipun, inggih bab panyêpênging balegriya, inggih pikiraning anak-anakipun, jalaran anak lare, dèrèng santosa, taksih kathah anggèning ambujêng kasênênganipun. Isin ingkang kados makatên wau klèntu sangêt, kados ungêl-ungêlan: ambujêng prêlu, ambucal prêlu. Tur ingkang dipun bucal punika langkung agêng prêlunipun tinimbang ingkang dipun bujêng. Harak inggih eman-eman. Mila bab punika prêlu sangêt dipun gatosakên para kaum ibu ingkang murih wilujênging turunipun. Badhe kasambêtan.

Nyi Darmaprawira. Kêpanjèn, Malang.

Bab Olah-olah

Icip-icip

[Grafik]

R.A. Suwarsi.

Dening pangagênging Bale Pustaka, kula kadhawuhan damêl buku rêsèp. Sajatosipun, kula punika sanès bôngsa ahli olah-olah, amila têmtunipun rêsèp-rêsèp ingkang badhe kula turakên, inggih barang sapele ewasamantên, mêksa badhe kula tandangi, samantên punika manawi kathah para sadhèrèk ingkang sami rujuk. Amila panyuwun kula dhatêng para maos, sintên ingkang rujuk dhatêng bab punika, kula aturi paring sêrat dhatêng kula minôngka pitêpangan. Sêrat cêkap dipun ngalamati dhatêng Redhaksi Kajawèn ing Batawi Sèntrêm. Utawi dhatêng: Gang Bungur Jawa No. 8 ugi ing Bêtawi Sèntrêm.

Murih sagêd ngêwrat rêsèp kathah, rêginipun inggih sagêd mirah, punapa malih sagêd kawaos para priyantun, nèm sêpuh, niyatipun buku punika badhe kasêrat mawi aksara Latin, bab rêgining buku kados botên prêlu kaaturakên rumiyin, para maos tamtunipun sampun priksa piyambak, bilih rêgining buku ing Bale Pustaka punika sampun tamtu mirah.

Mênggah buku ingkang badhe mêdal punika, namung badhe ngêwrat bab: olah-olahan cara Jawi dêlês, inggih punika lêlawuhan punapadene dhêdhaharan ingkang sakintên miraos, nanging mirah waragadipun, ing têmbe manawi kathah ingkang ngarsakakên, ugi badhe damêl buku rêsèp olah-olahan cara Walandi tuwin cara Tionghwa.

Ing ngandhap punika kula ngaturakên, rêsèp sawatawis minôngka kangge icip-icip.

No. 1. Sêmur bêtutu

Ayam babon 1 iji, ingkang lêma, bumbunipun brambang 10 iji, mrica ½ sendhok alit, [a...]

--- 64 ---

[...lit,] kênthang 4 iji, mêrtega 2 sendhok agêng, kecap 2 sendhok, duduh ulam 1 cangkir, roti tawar rêgi 5 sèn, kabucal kulitipun, karêndhêm toya, tigan ayam 3 iji.

Pangolahipun makatên: ayam manawi sampun kakumbah rêsik, lajêng pun pêndhêti balungipun, ingkang ngatos-atos sangêt, sampun ngantos risak kulitipun, utawi sampun ngantos suwèk, yèn sadaya balung sampun mêdal, kajawi suwiwi, ingkang botên tumut kabucal, daging ingkang wontên ing balung dipun pêndhêti lajêng kacacah lêmbat, lajêng pun bumboni mrica, sarêm, brambang 5 iji kaulêg, roti tawar kapêrês, kênthang kagodhog, lajêng kaulêg lêmbat, yèn sampun kaulêg kacampur kalihan ulam cacahan wau roti ugi kacampur, mêrtega, pun ulêg sarêng kalihan tigan ugi kacampur, yèn sampun waradin, sadaya bumbu raosipun sampun cêkapan, lajêng kalêbêtakên dhatêng kulit ayam wau sadaya, ngantos warninipun kados ayam wêtahan, lajêng panggenan bêdhahan wau dipun dondomi ingkang rapêt mawi bênang, lajêng kalambaran piring ingkang jêgong kakukus ngantos matêng. Yèn ayam sampun matêng, majênglajêng. kaêntas, duduh ingkang saking piring wau kawêwahan duduh ulam 1 cangkir, kangge caosipun, pun bumboni kecap, gorengan brambang, sarêm, mrica sacêkapipun, dipun latoni. Yèn sampun umob lajêng ayam wau kacêmplungakên, yèn sakintên bumbu sampun rumêsêp lajêng kaêntas, yèn badhe kadhahar kêdah ingkang bêntèr, lajêng dipun irisi.

No. 2. Sêrabi abrit.

Glêpung uwos 1 wijikan, santên kênthêl sacêkapipun, sarêm 1 sendhok alit. Pandamêlipun jaladrèn makatên: bilih badhe kadamêl ingkang eca, uwos ingkang sampun dipun kum kapususan rêsik, 1 wêjikan, klapa ingkang sêpuh 1 iji, pun oncèki ingkang ngantos pêthak, sarêm 1 sendhok alit. Uwos kadhêplok sarêng ing lumpang kalihan klapa, sarêm, ingkang ngantos lêmbat, manawi sampun lêmbat sangêt, lajêng kaêjeran toya wantah, kênthêlipun ingkang cêkapan kados abên-abênan panêkuk. Lajêng ngublêk tigan ayam 2 iji, ngantos uwat, lajêng dipun sukani gêndhis Jawi ingkang sampun kasisir 4 sendhok agêng, mêrtega 2 sendhok agêng, têrus kaublêk ing tigan. Yèn sampun carub sadaya, lajêng dipun sukani jêladrèn wau 2 irus agêng, lajêng wiwit kabakar. Pambakaripun mawi cowèk siti, latunipun mawi kêrên. Yèn cowèk wau sampun bêntèr kêdah dipun usar-usari toya sarêm, lajêng dipun sukani jêladrèn, ingkang botên mawi gêndhis ½ irus, katutup, yèn pinggiring srabi sampun ragi garing lajêng dipun soki jêladrèn ingkang lêgi ½ irus, ugi katutup, pambakaripun ingkang tanak, sampun ngantos gosong, yèn sampun matêng lajêng kasusruk mawi solèt, kadhahar angêt-angêt.

Adrêng panyuwun kula dhatêng para ingkang ngrêsakakên dhatêng buku rêsèp punika, tumuntên krêsa aparing sêrat dhatêng kula, pun:

Suwarsi.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]