Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05, #1666

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1937, #1666
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1496.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1497.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1498.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1499.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1500.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1501.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1502.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1503.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1504.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1505.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1506.

Ôngka 35, Stu Lê, 20 Sapar Ehe 1868, 1 Mèi 1937, Taun XII

Kajawèn

[Iklan]

--- [529] ---

Ôngka 35, Stu Lê, 20 Sapar Ehe 1868, 1 Mèi 1937, Taun XII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining Kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Piwulang Kina Kasambêtan lan Larasipun Jaman Sapunika - Punapa Pikajêngipun Adan - Cariyos Sugêngipun Professor Dr. Lord Lister - Têtiyang Dhayak saha Tatacaranipun - Kawontênan ing Inggris - Bab Padpindêr - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah

Pangungsêt

Osik

Mênggah kajênging osik, punika kados dhumêdhêring wiji ingkang tuwuhipun lajêng ngômbra-ômbra. Tumraping osik wontên ingkang awon wontên ingkang sae, nanging wontên ingkang ngugêmi bilih ingkang nama osik punika namung ingkang lèrèg dhatêng sae, dene ingkang nama osik awon, dipun anggêp sanès osik. Nanging manawi dipun pêndhêt kajêmbaranipun, awon sae punika tuwuh saking badanipun piyambak, tuwin sarèhning makatên, dados tumraping tiyang botên sagêd anyelaki, namung bab kajêng tuwin sèlèhipun kêdah kapriksa wontên parêpataning pangadilan batos.

Manawi ngèngêti dhatêng pêpindhaning pangadilan, mênggahing jangkêpipun, tamtu wontên ingkang dados durjana, wontên ingkang dados saksi, dados jaksa tuwin wontên ingkang dados pangarsanipun. Dene jangkêping kawontênan ingkang kados makatên punika, nama sampun madêg parêpatanipun.

Cara pêpindhaning parêpatan, upaminipun wontên osik awon, nêdya badhe miawon tiyang, osik wau pêpindhaning durjananipun. Ing ngriku lajêng wontên sêksi nêtêpakên awoning osik wau. Sarèhning pêpindhanipun sampun wontên pangadilan, jaksa lajêng nindakakên papriksan, ing ngriku lajêng wontên tindak titining papriksan, wêkasan pangarsa lajêng andhawahakên karampungan, luwar utawi kokum.

Kajênging luwar, punika têgês mênang durjananipun, piawon saèstu tumindak, dene kokum, akajêng sêdya awon wau sande.

Andharan kados makatên wau sayêktosipun namung pangothak-athik, ingkang sèlèhipun namung badhe damêl ngômbra-ômbraning osik. Awit mênggahing pangoyak, manawi wontên osik sae, punapa wontên pangadilanipun.

Pangoyak wau manawi dipun êmbèki, inggih lajêng cêkap dipun wastani sampun luwar saking prakawis, nanging manawi dipun ungsêt, caraning pangadilan makatên, osik sae wau inggih taksih nama prakawis, namung sarèhning pangadilaning osik awon wau saupami pêpindhaning pangadilan namung landrad, tamtunipun botên anggadhahi wêwênang ngrampungi prakawis ingkang samantên agêngipun (osik sae), kêdah kainggahakên ing yustisi. Tamtunipun pangadilan yustisi wau sampun botên kêkilapan, sagêd andhawahi karampungan, kokum utawi luwar. Ensoporêt.

Samantên ngômbra-ambraning pangothak-athik osik.

Cêkruktruna.

--- 530 ---

Raos Jawi

Piwulang kina kasambêtan lan larasipun kalihan jaman sapunika.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 16.

[Sinom]

Duk kunane pramitranya / ingkang padha anyipati / jinurunge sang atapa / lêluhur ingwang linuwih / gumêlar kadya nginggil / kèh kang samya amêguru / mêrlokkên nyuwun bêrkah / supangate laku juti / sapa wonge datan kèpi kang mangkana //

sanadyana ingsun uga / kapengin tanpa upami / mring lêluhur ngèmpêrana / endah sênênge ing kapti / akèh kang anyuyuti / ajrih asih sakêlangkung / yèku jatining umat / lamun dahat eling Widhi / bêtah tapa kêkasihing Hyang Minulya //

anak putu angrungokna / sadhengah kang anglakoni / antuk ganjaraning Allah / saya manèh trahe kaki / darahe turun nguni / kacarita kasbut dhuwur / yèn arsa nglakonana / gya katêkan nuli-nuli / kang ginayuh samubarang tinurutan //

aja padha salah tômpa / rêrasakna lan pinikir / lir turune pra panêgar / lamun nunggang ing turanggi / adate kèh kang wasis / angrèh jaranira nurut / turune ngrèh turôngga / kalêgan ingkang ningali / ana uga ingkang kêna kanggo pindha //

pêpadhane turunira / anak putuning sêrati / lamun angopèni liman / mêsthi bisa bêcik-bêcik / gajahe tur nèh ajrih / tan binlêdig ing balêdug / kaanggo prêmainan / dèn ajari lir kêmidhi / bisa nurut lan tinurut karêping tyas //

padha uga kang kalumrah / para ahli gôngsa kang wis / yèn wis turune niyaga / môngka ngudi maring gêndhing / amêsthi bisa gêlis / nulya ngrêti enggal baut / bangsane pra pradôngga / darah rohe ing pangrawit / pêpadhane sira turuning awirya //

têtêpe ywa mlèncèng marga / anuruta aja nlisir / ing sarèhning sira padha / turuning atapa yêkti / lamun tan tapa mêsthi / mung sathithik bêgjanipun / siji tan gêlêm nulad / lêluhurira ing nguni / kang wus têrang darahira padha mulya //

lan lorone nora mriksa / sabênêre ing ngaurip / kudu nganggo rong prakara / yèku lair lawan batin / laire dunya iki / batin eling ing Hyang Agung / elinge nganggo tapa / sagadug-gaduging ati / bisa slamêt lawan gampang kang sinêdya //

aja kagèt mring wong kuna / lakune kaluwih-luwih / ingkang prêlu ôngka juga / kasampurnan kang sajati / dening wayahing lalis / mung gumantung ing Hyang Agung / sawisasawise. wus sampurna / kapundhut sawanci-wanci / dwi kadunyan mung kasambi karo mlampah //

ênggonira kuwat tapa / kasusuwun ing Hyang Widhi / ing laire mung tinêksa / ngulinakkên sing sathithik / tan beda anyèlèngi / sing sathithik dadya nglumpuk / apaa yèn kulina / mêsthi bisa dadi luwih / kêrêp linggih suwe-suwe bêtah lênggah //

yèn kulina kêrêp dhahar / dèn undhaki sing sathithik / suwe-suwe bisa drêmba / wus mangkono wong ngaurip / dèn ajar anyênyirik / nyuda mangan nyuda turu / manawa wus kulina / bêtah mêlèk bêtah ngêlih / têmên-têmên kabèh mau tinêmênan //

klakon rêrasakna dadya / mantêp amrih gawe bêcik / têkan dènnya nyuwun mulya / nganggêp [ngang...]

--- 531 ---

[...gêp] mastani linuwih / katêkdir miradati / srêg bêgja sihing Hyang Agung / watakku ngampêt hawa / trang napsune nora mosik / jro asma wus nambadani kang sinêdya //

Asmaradana.

Wus kasmaran marang wêning / alêsane golèk tilas / ngangkah rancag cècèg cocog / atinira para kuna / amêlêng mulang suta / daya-dayane rahayu / mula nulat kang utama //

dhêmên nendra nora bêcik / dahat kêsèt tan tumônja / siningkiran drajat gêdhe/ gênti ingkang dhêmên mangan / aduwe watak ala / kênthêling tyas bangêt kêthul / kêthaha tan bisa pêthal //

adate kang kurang guling / golong ayêm jroning wrana / lamun thênguk-thênguk ijèn / kasêmbadan ing sakarsa / kang warêg marang pangan / sinuda sihing Hyang Agung / langkung susah lênging driya //

lamun kirang mangan manggih / lah daulatipun kathah / lakunira amrih kawong / duka antuk gung sungkawa / wong suka antuk duka / wus kodrate para makluk / kacêklekan yèn alena //

trange lamun anglakoni / mung sadina wus ginanjar / tikêl akèh uwis maton / tikêl luwih ping sadasa / nyênyuda lawan nrima / tan nglèmprèh prihatin tutug / tinurutan ing Hyang Suksma //

amula wong kuna luwih / mardi tapa linêksanan / awit nyuda dhahar sare / têtêp sidik ing wicara / lan trusing pamariksa / pana padhang jroning kalbu / pramana ing dunya kerat //

binuka ing gaib uning / uninga yèn ninggal dunya / datan lali dêdalane / rinakêt ing ngèlmu rasa / wus kamot ing karamat / mêmêt mat-matane emut / singa mêmêt mamèt gêsang //

laku kang karasa ngati / lagon rêrigêning nala / tyas tan kuwur datan kawor / lamun wêning wênang dadya / lir jaran mrih awora / lan gêdhogan kang wus tamtu / angrasakkên ngraga suksma //

[Iklan]

tapa kayadene uwit / ngèlmu kayadene lêmah / mrih campura ing dayane / kudu milih juru taman / dhinangir siniraman / sae ingkang kaduk rabuk / amrih bisa dadi ngrêda //

mangkana kang dhangir bumi / wong mung siji ngolah sawah / nandur gandum wêkasane / satus dina durung mangan / dede kang dhangir badan / satus dina uwis rampung / wus katêkan kang sinêdya //

ing sarèhning wêktu mangkin / ingaran wus seje jaman / datan bisa nandukake / dene ana wong tan kuwat / sawênèh tan kaduga / ana ingkang tan anggugu / kinira mung kôndha dora // Badhe kasambêtan.

D.

--- 532 ---

Punapa Pikajêngipun Adan, lan kadospundi Mênggah Asal Mulabukanipun

Sambêtipun Kajawèn nomêr 34.

Mila parêpatan inggih kapêksa botên anyondhongi. Parêpatan lajêng nyumantakakên malih dhatêng ngakathah: sumôngga para sadhèrèk, sintên malih ingkang badhe ngaturi pamanggih, kaparênga lajêng angusulakên, sampun mawi èwêd pakèwêd, jêr rancangan punika badhe kangge salami-laminipun.

Sakabat Ngumar majêng, lajêng usul makatên: Parêpatan, bab rêmbag prakawis ngadani damêl têngara punika, saking pamanggih kula, punapa botên langkung prayogi lajêng matah dhatêng satunggaling tiyang ingkang tinanggênah amajibi suka sumêrêp, sarana wara-wara mawi suwara ingkang sora kemawon, têmbungipun makatên: Assolatu-jamingah. Usul kula punika, manawi pakêmpalan tampi kalayan mupakat, kula purun tanggêl, mêsthi botên badhe wontên satunggal têngara punapa kemawon ingkang agêngipun ngêplêki, alitipun ragi mèmpêr kalihan têngara ingkang kula usulakên punika. Ewasamantên bab punika, nyumanggakakên kadospundi pamanggihipun parêpatan, kula borong. Namung samantên usul kula. Pamanggihipun sakabat Ngumar punika katampèn suwara kathah, pakêmpalan lajêng mupakat.

Ing ngriku Gusti Kangjêng Nabi s.a.w. lajêng nêtêpakên dhumatêng sakabat Bilal, ingandikakakên dados juru wara-wara. Dhawuh dalêm Kangjêng Nabi: Bilal, sarèhning bab wara-wara iki, durung ana dhawuh katêmtuan apa-awaapa-apa. saka Pangeran kang Maha Agung, mula wiwit ing saiki, kowe tak patah dadi juru pangundanging sêmbahyang. Sabên wis manjing wêktune, kowe ngadêga wara-wara awèh wêruh ing akèh, têmbungmu mangkene: Assolatu jamingah, kang iku banjur tindakna saprêlune. Sarampunging têtêpan punika, pakêmpalan katutup, lajêng bibaran sami asêsowangan, mantuk ing griyanipun piyambak-piyambak.

Kacariyos, nunggil ing wanci dalu wau, Ngabdullah bin Jaèd, saantukipun saking pakêmpalan, dumugi ing griyanipun, lajêng mapan tilêm, sawêg kraos liyêr-liyêr dèrèng tilêm sayêktom,sayêktos. Ngabdullah bin Jaèd anyupêna: sumêrêp wontên satunggalipun tiyang jalêr ingkang langkung wira-wiri ing ngajêngipun, kalihan ambêkta kênthongan. Ing salêbêting alam pasupênan ngriku, Ngabdullah bin Jaèd pitakèn dhatêng tiyang jalêr wau, têmbungipun: Kisanak, kênthongan sampeyan punika, punapa badhe kasade. Wangsulanipun tiyang jalêr: Sampeyan têka nakèkakên kênthongan kula punika, punapa badhe ngarsakakên mundhut tumbas, ta, sadhèrèk. Upami sampeyan tumbas, lajêng badhe kagêm prêlu punapa.

Ngabdullah bin Jaèd: Lo, makatên, ta, kisanak: têrangipun manawi kênthongan sampeyan punika, pancèn lêrês kasade, badhe kula tumbas, prêlu badhe kula angge têngara undang-undang sêmbahyang.

Tiyang jalêr: O, dados makatên ta karsa sampeyan punika, sadhèrèk. Hla, yèn makatên,

--- [533] ---

punapa sakintên sampeyan karsa, upami kula aturi pamrayogi, saha kula turi sêsêrêpan bab ingkang kados karsa sampeyan punika, ingkang panindakipun mayar, gampil, tur langkung sae katimbang mawi têngara kênthongan punika.

Ngabdullah bin Jaèd: Inggih, kisanak, prayogi. Sumôngga kadospundi pamrayogi sampeyan, badhe kula tampi kalihan lêga bingahing manah, sarta ing sadèrèng lan sasampunipun, kula sampun angrumiyini ngaturakên gênging panuwun dhatêng pitêdah sampeyan ingkang badhe kalubèrakên dhatêng kula.

[Iklan]

Tiyang jalêr: Sapunika makatên kemawon, inggih sadhèrèk, sabên sampun manjing wêgdalipun sêmbahyang, sampeyan cêkap wara-waraa, makatên: Allahu akbar, Allahu akbar x 2. Ashadu alla ilaha illallah x 2. Ashadu anna Mukhammadarasulullah x 2. Khaya ngalassolah x 2. Khayangalal phalah x2. Allahu akbar, Allahu akbar, la ilaha illallah.

Kacariyosakên, ing salêbêting alam supênan, tiyang jalêr wau sarêng sampun rampung pamulangipun adan, lajêng mundur ragi têbih akalihan Ngabdullah bin Jaèd, nanging lajêng cariyos malih: Anu sadhèrèk, kula ajêng mêling sakêdhik êngkas: yèn wara-wara suka sumêrêp adêging sêmbahyang, sampeyan mungêl makatên:

Allahu akbar-Allahu akbar.

Ashadu alla ilaha illallah.

Wa ashadu anna Mukhammadarasulullah.

Khayangalassolah-khayangalal phalah.

Kodgomatissolah-kodgomatissolah. Allahu akbar-Allahu akbar-la ilaha illallah. Sampun pitêdah kula sapunika, sampun cêkap.

Sasampuning supênan wau dumugi, Ngabdullah bin Jaèd, nglilir: byar, gregah tangi sami sanalika, ngadêg nyat, tanpa tumolih, lajêng enggal-enggal ngindhik mêdal, têrus marak sowan ing wanci dalu wau, dhatêng ngarsanipun Gusti Kangjêng Nabi s.a.w. prêlu badhe ngaturakên supênanipun ingkang nêmbe dipun alami. Badhe kasambêtan.

Sawala.

--- 534 ---

[Iklan]

--- 535 ---

[Iklan]

--- 536 ---

Bab Kasarasan

Cariyos Sugêngipun Professor Dr. Lord Lister

Sambêtipun Kajawèn nomêr 33

Dhoktêr lan pambantunipun (verpleger, vroedvrouw) kêdah sami mangangge rasukan ingkang sampun dipun sêtum (gesteriliseerd) lan ngangge topèng gaas. Topèng wau kangge nutupi irung lan cangkêm, prêlunipun bilih hawa saking irung utawi rêrêgêd saking cangkêm mêdal sampun dipun tadhahi dening gaas wau, dados botên sagêd nulari dhatêng tiyang ingkang badhe dipun operatie, prabot (instrument) verband-verband dipun steriliseeren.

Sarêng pranatan makatên punika tumindak, sadaya tiyang ingkang dipun operatie lajêng botên kenging infectie saking jawi, têgêsipun tatu botên sagêd katularan rêrêgêd (baksil) saking dhoktêr utawi asistènipun utawi saking prabot potong (instrument).

Ing sawau sadèrèngipun wontên pranatan asepsis lan antisepsis punika, tiyang ingkang dipun operatie sami amêng-amêngan nyawa, ngraos saya manggih bêbaya, nanging samangke perang-peranganing wêtêng, dhadha, gulu, sirah, cangkêm, mripat, kuping dipun operatie botên punapa-punapa, botên ambêbayani, malah ingkang sakit dados saras wilujêng, kajawi yèn sêsakitipun sampun kasèp utawi sêsakitipun botên konangan dening dhoktêr potong punika.

Wasana kauningana sadaya pranatan, ihtiyar lan pangudinipun Dr. Lister makatên punika manut pamanggihipun Tuwan Pasteur. Milanipun inggih namung priyantun kêkalih Lister tuwin Pasteur punika ingkang pinunjul kapintêranipun sagêd mitulungi gêsangipun tiyang ing sangalam donya.

Têmbung asepsis têgêsipun: a= botên wontên, sepsis= rêrêgêd (baksil) botên utawi tanpa baksil. Anti-sepsis, anti= nyêgah utawi nulak. Dados nulak baksil.

Dene ing jaman samangke pranatan wau dipun tata langkung sae, sampurna, amargi para dhoktêr sampun majêng lan pintêr.

Mila tiyang utawi dhoktêr ingkang motong dhatêng tiyang sanès, môngka botên kanthi pranatan a lan anti-sepsis, kadosdene bong utawi calak, inggih punika dhukun sunat utawi dhukun têtak, ingkang botên mangrêtos pranatan punika, yèn nyunati lare inggih mutawatosi lan ambêbayani.

Sanajan ingkang sampun kalampahan lare dipun sunati dening dhukun wau botên mêsthi kenging infectie, punika namung saking kapinujon botên wontên kruma (baksil) ingkang tumèmplèk ing drijining dhukun utawi ing kulitipun lare ingkang dipun sunati.

Makatên ugi dhukun ingkang nulungi tiyang èstri manak, yèn botên mangrêtos pranatan wau, inggih ambêbayani tumrap têtiyang èstri ingkang manak wau.

R. Sumadirja, Ind. Arts. Sêmarang.

--- 537 ---

Tanah dalah Tiyangipun

Tiyang Dhayak saha Tatacaranipun.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 32.

Sapunika tatacara nganiaya tiyang wau dipun awisi dening ingkang wajib, dene ingkang dipun pêjahi manawi pinuju wontên damêl makatên ngêmungakên kewan.

[Grafik]

Tiyang jalêr Dhayak.

Karamean ingkang kapisan mawi dipun wontêni kêndhurèn.

Karamean ingkang nomêr kalih punika namung tumrap tiyang èstri thok, têtiyang jalêr botên kenging tumut-tumut. Sadaya tiyang èstri, wiwit ingkang anèm ngantos ingkang thuyuk-thuyuk sami suka parisuka.

Sapunika prakawis jisimipun, sasampunipun dipun lêbêtakên ing bandhosa, lajêng dipun bêkta dhatêng baita, ingkang dipun rêrêngga. Jisim kasabrangakên, saha sadumugining pinggir, bandhosa dipun cagaki saha dipun payoni. Ing ngandhaping bandhosa dipun dèkèki: cêthing isi wos, bathok isi toya, saha sanès-sanèsipun.

Sanjata dipun ungêlakên, wusana sadaya tiyang sami mantuk.

Enjingipun têtiyang sami murugi bandhosa, lajêng dipun ciprati rahing maesa, saha dipun pindhah panggenanipun, mawi nyabrang lèpèn. Manawi baita sampun cêlak kalihan gisik, modinipun lajêng mêngingis, jêmpalikan kados tiyang majênun sarwi wicantên: Astapirlaha alim (upami tiyanga Islam), dèn... (ingkang pêjah) pinaringan ganjaran gêdhe, awit liwat naraka kanthi slamêt.

Dintên ingkang kaping sakawan, jisim dipun pêndhêm ing panggenan kados salimrahipun.

Sadaya tatacara punika tumrap tiyang ingkang pêjah jalaran sakit. Ananging têtiyang ingkang pêjah jalaran manggih aral, kados ta: kèrêm, punika dipun bucal ing wana. Badhe kasambêtan.

Suyana-Adinata.

--- 538 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Inggris.

Ebahing kawontênan donya sumêbar angèngingi nagari ing pundi-pundi, Sêpanyol nêngah-nêngahi pêrang anggayut kawontênan ing Eropah. Amerikah gegeran prakawis pogokan, Asiah taksih ajêg wontên pasulayan, malah tansah tuwuh ramèn-ramèn enggal. Kajawi punika taksih wontên sanès-sanèsipun malih.

Tumrapipun Inggris, pancèn nuju nyarêngi kalamangsanipun tansah ngawontênakên pamanahan wigatos. Pamanahan ingkang ajêg lumintu, punika bab pangrêmbag matêsi dêdamêl, saprika-sapriki dèrèng wontên sampun-sampunipun. Kawontênan ingkang kados makatên punika wahananipun wontên praja sarwa damêl kawigatosan, inggih ngagêngakên rantaman praja tuwin ngawontênakên pangrêmbag praja ingkang sarwa wêrit.

Môngka tumrapipun Inggris, kabêtahaning prajanipun tansah gêgayutan kalihan bab-bab ingkang dados pamanahan yêktos, kados ta sampun pintên taun Inggris anggèning manah kamardikanipun Mêsir, pangrêmbagipun sakalangkung wêrit tuwin dangu. Ing sadèrèngipun rampung tansah kêsêlan ing sabab-sabab sanès, kados ta tuwuhing paprangan ing Ngabêsi, Inggris tansah manah dhatêng kawigatosan ing lautan tuwin ing dharatan, awit sadaya wau sisip sêmbiripun sagêd nyêmpyok dhatêng Inggris. Dene patraping panjagining kawilujêngan namung sarana patrap nyamari, awit saupami botên kanthi sêrêng, tumindakipun badhe tanpa daya, nanging manawi kêsêrêngên, sagêd ugi dados santun dhadhakan. Nanging wantunipun Inggris punika mumpuni dhatêng kridhaning ulah praja, ngantos dumugining sirêpipun paprangan ing Ngabêsi, wilujêng botên wontên sabab satunggal punapa. Dumugining bibar paprangan ing Ngabêsi, rêmbag gêgayutanipun Inggris kalihan Mêsir sagêd pinanggih cocog.

Wantunipun Inggris punika satunggiling nagari ingkang sugih laladan ing pundi-pundi, kawigatosanipun inggih wontên-wontên kemawon, kados ta pasulayanipun bôngsa Arab kalihan Yahudi ing Palestinah, punika tumrapipun Inggris ugi nawung kawigatosan, awit lajêng kajibah nindakakên pamisah ingkang dhumawahipun ngadil sayêktos. Sarèhning wontêning pasulayan wau ngantos nuwuhakên tindak cidra-cinidra, Inggris kêpêksa ngandhapi wadyabala kangge anjagi tata têntrêm. Ewasamantên, kawontênanipun mêksa dèrèng têntrêm, kala-kala taksih wontên ramèn-ramèn.

Ing sapunika wontên ura-uru ingkang tuwuh ing tanah Indhu ing tapêl watês lèr, dipun pangajêngi dening satunggiling pakir ingkang langkung dipun suyudi ing tiyang kathah. Tumrapipun Inggris nganggêp bilih ura-uru punika botên sapintêna dayanipun, nanging sarêng wontên sêsulakipun bilih ura-uru punika kêmoran daya saking Ruslan, ugi lajêng nyamarakên.

Malah wontên wartos bilih wêwakil Ruslan ing Kabul [Kabu...]

--- 539 ---

[...l] ugi ngêmori damêl ambêbaluhi kanthi patrap sêsidhêman. Ebah-ebahan punika sanadyan botên sapintêna, nanging angèl dipun sirêp, amargi papan panggenanipun wontên ing wana parêdèn. Makatên malih taksih wontên gêgayutanipun prakawis sanès ingkang wosipun nêdya nyulayani tatananipun Inggris.

[Iklan]

Gêgayutanipun ura-uru punika ugi anggayut dhatêng sanès panggenan. Ing Bombai wontên arak-arakan ingkang têtiyangipun sami mangangge pita cêmêng ing lêngên, kangge tandhaning prihatos. Tiyang wau sami nyuwara angêmohi gronwèt enggal. Suwara wau ngangkah supados dipun tuta ing tiyang kathah. Kawontênan ingkang kados makatên punika anjalari wontênipun tiyang ingkang sami dipun cêpêngi.

Pogokan punika lajêng dados pogokan umum, lajêng tumular dhatêng golongan Islam, tumrap golongan Islam wau sanadyan dipun pênggak dening pangagêngipun, mêksa adrêng kemawon.

Kajawi punika ing wêkdal punika Inggris ugi tansah wontên pogokan kuli-kuli, ingkang ugi dados panggalihaning parentah.

Samantên pinanggihipun nagari agêng ingkang mêngku kawibawan tuwin panguwaos agêng, punapa-punapanipun inggih sarwa agêng.

Wangsulan Redhaksi

K. 144 ing Blora. 21 Rêjêb 1905 dhawah Kê Lê, Alip, 1835, 21 Sèptèmbêr 1905.

K. 3187 Ngayogya. Rê Kli, 27 Sapar Alip 1803 dhawah wuku Maktal, môngsa kasadasa, 15 April 1874.

--- [540] ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Padpindhêr

V.

Petruk : Ambalèni omongku lagi anu, Kang Garèng, padpindhêr kudu ginau anênitèni, kang karêpe: yèn wêruh apa-apa aja mung wis wêruh iya uwis, nanging kudu bisa nyathêt apa-apa sing prêlu. Upamane bae gampangane saupama wong nonton pasar malêm. Wong sing dudu ahli nênitèni, yèn nonton pasar malêm, bisane mung ngarani: wah, pasare malêm rame bangêt, utawa: yah, wong pasar malêm têka sêpi bangêt mêngkono. Seje karo wong sing ahli nênitèni, dongèngane mêsthi bisa rete-rete bangêt, kaya ta upamane nonton nyang Pasar Gambir, wong ahli nênitèni mêsthi bisa carita mêngkene upamane: wah, Pasar Gambir saiki omah-omahane kabèh modhèl Minangkabo, arêp lumêbu ing papan kono, sing nampani Walônda kabèh. Mlêbu blêng, ing sisih kiwa padhasaran kawêkêlan wong bumi, sisihe padhasaran barang-barang gaweane wong prantean, banjur sandhing kono ing pojok, panjagan pulisi, têruse warung-warung padhasaran barang warna-warna, banjur papan kanggo mitongtonake pakaryan kasarasan, lan rada mojok panggonan wayang wong, kang diatur bêcik bangêt, adoh nyang unèn-unèn sing pating jrêthot pating grobyag, dadi wong nonton ana ing kono bisa ngêmatake. Tunile bêcik, papane wong nonton kêpenak, wayang wonge iya pilihan, emane: klas sing dhuwur-dhuwur digawe ômba bangêt, klas sing èndhèk ciyut bangêt, dadi kayadene karêpe komite: wayang wonge supaya mung ditongton wong-wong sing sugih dhuwit bae. Cêdhake kono papan padhasarane pakumpulan: kautaman putri. Barang-barang sing didhasarake ana ing kono warna-warna bangêt, tur èdi-èdi bangêt, kabèh gaweane para wargane dhewe, malah tukang ladène dipilihi sing mlênis-mlênis bae. Tumêkane ing kono punggawane Pasar Gambir, iya sing jaga gapura, sing nariki karcis, sing tukang kontrol, kabèh mèh bôngsa Walônda, iki apa jalaran saka komitene duwe pikiran: ewak awèk abot awake dhèwèk.

[Grafik]

Garèng : Wayah, kuwi jênênge wong ahli nênitèni sing mung arêp golèk prakara bae. Banjur [Ba...]

--- [541] ---

[...njur] andakwa sing ora-ora mêngkono.

Petruk : Lo, ing kono aku mung arêp anggambarake awase wong sing ahli nênitèni kuwi. Nganti paribasane, sanadyan ana ing karamean pisan, wong sing ahli nênitèni kuwi iya wêruh sing padha... pating krintip ana ing pagêr upamane.

Garèng : Wayah, iya pancèn wong mata kulik sing kaya ngono kuwi. Wis saiki banjurna bae katêranganamu ing bab planggêrane padpindhêr kuwi.

Petruk : Iya, Kang Garèng, rungokna: g. Ngudi nyang gawean tangan, dolanan ing têba, lan dolanan liya-liyane.

Garèng : Bab kang kapisan, yaiku: kudu ngudi nyang gawean tangan, aku cocog, Truk, awit prêlune tangane bocah bisa urip. Balik dikon dolanan ing têba, dadi dikon pêpanasan, dikon angin-anginan, hla, kiyi aku sing ora srêg, Truk, apa manèh yèn bocah wadon, apa cikbèn busikên, cikbèn irêng, hla mêngko rak ora payu laki, Truk.

Petruk : Lo, sing dikuwatirake têka yèn bocahe banjur busikên utawa irêng, arêpa kuning mliding, yèn kêmbuk-kêmbuklana... pilêrên, rak mung gawe susah bae. Tak kandhani, ya Kang Garèng. Dolanan ing têba lan sapadhane, kuwi karêpe: 1e ngudi nyang sêporêt, dadi ngudi nyang kasarasaning badan sarta kasarasaning pikiran, 2e. andhêdhêr karukunan lan nyambut gawe bêbarêngan, lan 3e tanggap, karêpe tanggape aja klêmak-klêmèk, utawa klêlar-klêlêr, nèk lanang kaya Janaka lagi mulês, nèk wadon kaya Sêmbadra kluron, nanging tanggape mau bisaa sing cikat, tandang lan trêngginas.

Garèng : Mêngko sik, Truk, mêngko sik, bab 1e aku: asese, sabab sapa bae, anggêre saras badane lan pikirane, mêsthi ora sugih aras-arasên, nanging arêp apa-apa, ora wêgah anggone nandangi. Wong aku dhewe bae, kalane saras awakku lan pikiranku, iya ora duwe wêgah-wêgèh, dikon ngayoni... sêga pêcêl patang piring. Nanging bab 2e, hla kuwi aku sing durung pati dhamang. Wong dolanan ing têba têka diunèkake andhêdhêr karukunan lan nyambut gawe bêbarêngan.

Petruk : Têrange mêngkene, Kang Garèng. Kaya ta dolanan: bal-balan upamane. Ing kono rak dianani pranatan sing wajib diturut dening sing padha main bal, kaya ta: sêmprite juru pamisah (scheidsrechter) kabèh kudu miturut. Lan siji-sijine bocah ora kêna yèn arêp main sakarêp-karêpe dhewe, nanging kudu bisa nyambut gawe bêbarêngan karo kônca-kancane. Dadi cêkak aos ing kono, bocah didhêdhêr: kudu ngakoni lan ngajèni nyang sing dadi pandhuwurane, kudu nêtêpi pranatan, kudu rukun, lan kudu bisa nyambut gawe bêbarêngan karo kônca-kancane.

Garèng : Hla nèk mêngkono iya bêcik bangêt, Truk. Awit, ing sarèhne wiwit cilik dikulinakake: kudu ngakoni lan ngajèni pandhuwurane, kudu nêtêpi pranatan, kudu rukun, kudu bisa nyambut gawe bêbarêngan karo kancane, ing besuk tuwane watake iya kêlantih mêngkono. Dadia dèn klèrêk upamane, iya dèn

--- [542] ---

klèrêk patohan, sabab wis ngrêti ngajèni nyang panggêdhe, wis bisa nêtêpi pangaturan utawa kuwajiban, sarta ing sarèhne wiwit cilik dikulinakake kudu rukun lan bisa nyambut gawe bêbarêngan karo kônca-kancane, mêsthine iya banjur ora bakal dadi dèn klèrêk tukang atur-atur... gramèh upamane, kang wusanane dening panggêdhe bisa dibênum dadi... durnane.

Petruk : Wèyèh, apa panggêdhe bodho, têka mung gêlêm dicokol gramèh, banjur arêp mung pracaya bae mênyang wong kang atine ala.

Garèng : Lo, sagêdhe-gêdhening dunya, sanadyana saiki rak iya isih ana bae panggêdhe sing clola-clolo mêngkono kuwi, nganti pracaya marang wêwadulane wong kang mênggik mênthol atine. Saiki kang 3e. Truk, yaiku: ngudi nyang tanggap kang cikat, tandang lan trêngginas, iya nèk cah lanang ora dadi ngapa, balik cah wadon, apa dikon ngajak ora agama. Mêngko barêng gêdhe, ana jaka bagus sêthithik, banjur: plêtak-plêtik, cêprat-cêprit, crit,- iki le idu, lo Truk, wèh, hla nèk aku nganti duwe anak wadon kaya ngono, wah, kira-kirane iya têrus... kaku aku.

Petruk : Lo, salah wèsêl, Kang Garèng, sing diarani tanggap kang cikat, tandang lan trêngginas, kuwi karêpe ora kok bocah supaya kudu: jêlalatan, pêndêlikan, utawa: nel-nelan lan pret-pretan, nanging aja wêgahan, aja kêsèt, kosokbaline kudu: tandang tanduk, yaiku: maju nyang pagawean, lan cak-cêk nyang kapêrluan. Kaya wis cukup mangkene, Kang Garèng, saiki tak banjurne manèh: h. Ngundhakake kaprigêlaning awak, lan ngajokake kasarasan.

Garèng : Dikapak-kapakna kae, aku mêksa ora cocog, Truk, hla wong bocah kathik dikon ngudi undhake kaprigêlaning awake. Sabab mungguh panêmuku, wong sing diunèkake prigêl awake kuwi, iya awak sakojur prigêl kabèh, iya irunge, cangkême, tangane, wêtênge, nganti têkan sikile pisan, bocah sing kaya ngono kuwi umume nèk gêdhe, yèn ora dadi tukang sulap, iya tukang... kutil.

Petruk : Saya anggone panêmumu: ngrujak sêntul, Kang Garèng. Sing diarani kaprigêlaning awak, yakuwi sing bisa prigêl, tandang lan luwês anindakake samubarang gawe. Dadi wong sing dipasrahi apa bae: ora kaku lan cithang-cithing. Kaya ta: dikon angladèni: luwês, dikon rewang: pantês, dikon balônja nyang pasar: gandês, lan sapiturute, Kang Garèng. Bab pambudidaya ngajokake kasarasan, ora prêlu tak têrangake, kowe mêsthine wis ngrêti dhewe.

Garèng : Ha iya, Truk, padhane: wêtêng slêmêt-slêmêt sathithik kudu dikastroli, ngêlu sathithik: aspirin.

Petruk : Wayah, kuwi rak tambane wong lara, nèk ngajokake kasarasan kuwi karêpe: kudu rêsikan, kudu sing kêrêp ngobahake badan, cêkake: kudu tansah ambudidaya supaya didohi nyang lêlara. Kajaba iku uga migunakake akal liya-liyane kang absah. Kang kinira bisa ambêcikake apa kang disêdyakake mau.

--- 543 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès

TANAH NGRIKI

K.T. Ingkang Wicaksana Graaf Limburg Stirum. Nalika têdhak dalêm K.T. Ingkang Wicaksana Graaf Limburg Stirum dumugi Salatiga rawuh ing sanatorium tiyang sakit paru, ing Gêtasan, lajêng mriksani padamêlan ing Witte Kruis kolonie, salajêngipun dhatêng Kopèng. Sadumugining Surakarta nyare wontên dalêm gupêrnuran. Mara tamu dhatêng karaton, dhatêng Mangkunagaran. Salajêngipun dhatêng Ngayogya, mriksani candhcandhi. Prambanan, Kaliurang tuwin sanatorium ing Pakêm.

Plat gramopun R.A. Kartini. Awit saking ada-adanipun Comite mèngêti R.A. Kartini, badhe damêl plat gramopun lêlagon R.A. Kartini, dipun wêdharakên dening golongan putri K.I.M. tuwin paguron P.B.S. kanthi musik saking murid-murid Kweekschool Islamiyah. Sasampunipun dipun sade mirah-mirahan.

Mèh wontên rêrêsah. Ing bètèng Vredenburg, Ngayogya mêntas wontên lêlampahan ingkang nyamari, inggih punika golonganing saradhadhu bangsa Timur badhe campuh kalihan saradhahu bangsa Walandi. Jalaranipun saradhadhu-saradhadhu bangsa Timur wau rumaos dipun rèmèhakên. Salajêngipun golongan wau badhe nêmpuh saradhadhu Walandi ingkang nuju jagi. Saradhadhu-saradhadhu jagi sampun ngêtêngi sanjata, andadosakên girising saradhadhu-saradhadhu Timur, lajêng sami kesah. Salajêngipun dados papriksan, saradhadhu-saradhadhu Timur lajêng dipun barisakên ngantos pintên-pintên dintên. Pinanggihipun sampun têntrêm.

Utusan dhatêng Bali. Benjing congres ing Bali, saking kaparêng dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan badhe utusan G.P.H. Tejokusumo tuwin B.P.H. Suryodiningrat, sami êmpu kabudayan Jawi, mawi ambêkta niyaga, gangagangsa. tuwin ingkang anjogèt, badhe kapitongtonakên.

Karisakan krêtêg lèpèn Jêbol, mèh damêl sangara.sangsara. Jalaran saking mêntas jawah dêrês, wontên bêna saking rêdi Mêrapi ing lèpèn Jêbol. Krêtêgipun lèpèn wau ing sacêlakipun Têgalganda, Surakarta, kaprênah margi saking Surakarta dhatêng Ngayogya nêmahi karisakan, pondêmèning krêtêg rêmuk, krêtêg pêdhot. Ing dalu nyarêngi dhawahing karisakan, Tuwan Pronk ing pabrik gêndhis Cèppèr, saking Surakarta badhe dhatêng Ngayogya numpak auto langkung ing krêtêg wau, sarêng dumugi tengah, sumêrêp krêtêgipun pêdhot, auto dipun rèm sakiyatipun, sagêd kèndêl, nanging sarèhning krêtêg wau miring, auto ngglindhing piyambak kêpêntog pagêr krêtêg. Ingkang sami numpak sagêd oncad, auto lajêng kêcêmplung. Auto wau kenging dipun êntas kanthi rêkaos. Enjingipun karisakan wau dados papriksaning para agêng nagari.

Ngindhaki lampahing motor mabur. Wiwit tanggal 1 Mèi punika motor mabur saking Bêtawi dhatêng Balikpapan, saking Bêtawi dhatêng Surabaya, saking Surabaya dhatêng Dèn Pasar tuwin saking Bêtawi dhatêng Bandung badhe dipun kêrêpi.

Pabrik tênun ing Têgal sampun kabikak. Pabrik tênun ing Têgal sampun kêlampahan kabikak, mawi pasamuan sawatawis, ingkang ngêpang sami têtiyang padhusunan kanan keringipun ngriku. Pabrik tênun punika kalêbêt ingkang agêng piyambak ing satanah ngriki.

Usul saking P.P.B.B. Nalika P.P.B.B. ngawontênakên congres, Tuwan Sutarjo mrayogèkakên supados parentah ngawontênakên pamulangan luhur kangge calon pangrèh praja.

Nilari bandha dhatêng nagari Surakarta. Ki Margowiryo abdi dalêm ajidan ing karaton Surakarta tilar donya. Miturut sêrat wasiyat ingkang sinêksèn notaris, tilaranipun arta f 100.000.- dipun aturakên dhatêng nagari Surakarta. Dene barang-barang dipun warisakên dhatêng sanak sadhèrèk.

[Grafik]

Kaangkat dados Zelfbestuurder ing Banawa. Inginggil punika gambaripun Raja Ruhana kalihan controleur ing Banawa ginarubyug dening têtiyang karajan Banawa, nalika badhe katêtêpakên dados Zelfbestuurder ing Banawa, laladan Mênado.

Kursus padamêlan tangan ing Lagere Nijverheidsschool ing Bêtawi. Kawartosakên, manawi nyêkêpinyêkapi. wiwit benjing tanggal 1 Augustus ngajêng punika, awit saking kaparêngipun Departement Pangajaran badhe ngawontênakên pamulangan Gouvernements "Lagere Nijverheidsschool voor meisjes". (Pamulangan babagan bale griya andhap tumrap para kênya) ing Batavia-C. (comediebuurt I), sinaunipun wanci sontên, saminggu kaping kalih, wiwit jam 4 dumugi jam 6, laminipun kalih taun. Kursus punika botên ngêmungakên kangge guru-guru èstri kemawon, ugi tumrap lare-lare èstri ingkang botên gadhah diploma guru. Tamatipun sakingriku sagêd nêmpuh pandadaran acte fracie handwerken, ingkang kawontênakên salêbêting wulan Maart utawi April ing sabên taun. Murid ingkang malêbêt ing taun punika sagêd nêmpuh wontên ing taun 1939. Bayaranipun sawulan f 7.50, dèrèng kapetang waragad kangge têtumbas, kêdah ngawontênakên piyambak. Sintên ingkang badhe rêrêmbagan bab punika, sukaa sumêrêp dhatêng pangagênging Gouvernements lagere nijverheidsschool voor meisjes ing Batavia-C. (Comediebuurt I).

EROPA

Tentoonstelling ing Paris. Tentoonstelling ing Paris badhe kabikak wontên tanggal 24 Mèi punika, tumrap kangge umum wontên tanggal 25.

--- 544 ---

Wêwaosan

Saribang.

Pêpiridan saking buku karanganipun Baronesse Orczy

55

Tiyang Yahudi ngêlus-êlus janggutipun ingkang sajakipun botên nate dipun raupi saking rêgêdipun, ing sêmu sawêg mikir-mikir. Lèdhi Blakêne ingkang tansah mirêngakên rêmbagipun tiyang kêkalih wau, raosing panggalihipun kados dipun iris-iris. Pitakènipun Sopêlin dhatêng tiyang Yahudi wau, sang putri ugi mirêng, kanthi kuwatos panggalihipun sang putri lajêng amriksani dhatêng tiyang Yahudi wau. Nanging saking rêgêding rainipun pun Yahudi, sang putri botên sagêd mangrêtos mênggah ingkang dados pikajêngipun. Mênggah rumaosipun sang putri kadosdene nyawanipun ingkang raka: Sêr Blakêne, punika samangke gumantung wontên tiyang Yahudi wau.

Ragi sawatawis dangu sadaya sami kèndêl. Sêmu botên sabar lan nêpsu Sopêlin tansah nyawang Yahudi sêpuh ingkang wungkuk punika. Dangu-dangu tiyang Yahudi wau lajêng ngrogoh kanthonging jasipun sarta mêndhêt arta salaka sawatawis. Arta punika kasawang sakêdhap, salajêngipun nuntên wicantên makatên:

Nalika tiyang mônca ingkang agêng inggil wau bidhal kalihan Rubên, nyukani arta punika dhatêng kula, mênggah prêlunipun supados kula sampun ngantos cariyos-cariyos dhatêng tiyang sanès dhatêng pundi tiyang mônca wau ingkang badhe dipun tuju.

Sopêlin ngangkat pundhakipun sajak botên sabar malih, sarwi apitakèn: Pira dhuwitmu iku.

Tiyang Yahudi amangsuli: Sadasa rupiyah, kangjêng tuwan. Salaminipun kula punika tiyang sae, botên nate gadhah tindak ingkang dados wêwalêripun nagari.

Tanpa wicantên punapa-punapa, Sopêlin mêndhêt arta mas saking kanthonganing jasipun sarta lajêng kakricik-kricik kapamerakên dhatêng tiyang Yahudi wau. Salajêngipun kalayan sabar nuntên apitakèn dhatêng pun Yahudi makatên: Mara badhenên: dhuwit sing tak cêkêl iki pira kèhe.

Ningali arta ingkang dipun cêpêng dening Sopêlin wau, maripatipun tiyang Yahudi sakêdhap katingal pandirangan. Nanging botên watawis dangu lajêng adhêngklukakên sirahipun. Ing wusana sêmu ajrih lajêng kalair têmbungipun makatên: Kintên kula sakêdhik-sakêdhikipun inggih wontên satus sèkêt rupiyah, kangjêng tuwan.

Sopêlin: Kaya-kaya dhuwit samene iki rak wis cukup, ta, kanggo nêbus jangjimu anggonmu ora arêp kôndha apa-apa nyang wong liya.

Tiyang Yahudi: Kangjêng tuwan badhe mundhut priksa ingkang kadospundi.

Sopêlin: Apa kowe, grobag lan sajaranmu bisa anjujugake aku mênyang ing panggonan sing dituju dening mitraku bôngsa Inggris mau, kang wis pangkat nganggo grobag lan jarane Rubên mau.

Tiyang Yahudi: Manawi kreta kula, badhea panjênêngan agêm dhatêng pundi kemawon, mêsthi inggih sagêdipun.

Sopêlin: Apa kowe bisa andujugakeanjujugake. aku nyang gubuge Blangkar.

Sajak gumun tiyang Yahudi apitakèn: Lo, panjênêngan têka priksa papan ingkang dipun tuju dening tiyang Inggris wau.

Sopêlin: Iya, iya, aku mula wêruh. Kowe apa sumurup ing ngêndi prênahe papan iku.

Tiyang Yahudi: Sumêrêp, kangjêng tuwan.

Sopêlin: Kapriye bisane mênyang ing papan kono mau.

Tiyang Yahudi: Ingkang rumiyin kêdah mêdal ing margi, ingkang dipun sêbut: Martinwèh. Saking ngriku lajêng mêdal margi alit kados dumugi ing sela karang.

Kalayan nyêntak Sopêlin amangsuli malih pitakènipun makatên: Kowe rak iya apal têmênan ta, dalane.

Kanthi sabar tiyang Yahudi amangsuli: Apal mawi sangêt, kangjêng tuwan.

Tanpa cariyos punapa-punapa Sopêlin lajêng nguncalakên arta tut satunggal dhatêng tiyang Yahudi wau, ingkang nuntên dipun pêndhêti sarana brangkangan. Wontên satunggal ingkang angglundhung ragi têbih, ngantos tumrap tiyang Yahudi wau ragi rêkaos pamêndhêtipun.

Sarêng tiyang Yahudi wau sampun rampung anggènipun mêndhêti arta, Sopêlin lajêng apitakèn makatên: Sêpira suwene anggonmu bisa nyadhiyakake grobag lan jaranmu.

Tiyang Yahudi: Sadaya sampun sumadhiya, kangjêng tuwan.

Sopêlin: Ana ing ngêndi.

Tiyang Yahudi: Saking ngriki kirang langkung namung wontên kalih dasa pêcak. Punapa kangjêng tuwan badhe mriksani.

Sopêlin: Ora prêlu. Nganti têkan ing ngêndi, bisaku nunggang grobagmu kuwi. Badhe kasambêtan.

--- 65 ---

No. 27, Taun VIII.

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI : BU-MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CÈNTRUM

RÊGANE SATAUN f 1.50, KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

MANGSULI LAYANG

Sarjono Surakarta. Aku sênêng bangêt kowe mêrlokake ngirimi layang manèh nyang ibumu, uga karangan warna lêlucon. Batanganmu cangkriman bênêr kabèh.

Sri Mastuti Surakarta, Suparjo Ambulu, M. Kariyasumarta Sêmarang. Wiyose layangmu kabèh wis daktampa kanthi bungah, dene kowe padha mêrlokake ambatang cangkriman lan kabèh bênêr.

Handini Pacitan. Bangêt bungahku dene kowe ngirimi layang manèh nyang Bu Mar. Han, mungguh cêthaa kowe rak mêlèhake ibumu, jarene wis nini-nini, lan arêp potrèt bae ngêntèni yèn wis nglungsungi manèh, jêbul kiyah-kiyah ndhèrèk nyang Tanjungpriuk. Ha... ya kuwi ta Han, wis lawas ana donya, kok durung wêruh Gusti Kangjêng Ratu Timur karo putra lan prau gêdhe uga durung wêruh. Mulane banjur aku kadhawuhan ndhèrèk Mas Petruk sêkalihan. Kaya-kaya, Kangmas Petruk wis cêtha olèhe ngandikakake nalikane ana ing kapal. Wah ramene! Ing jêro prau iku kabèh sarwa nècis, aku kok banjur krasan bangêt, aras-arasên mulih lan sasuwene wêruh apa-apa ing jêro kapal iku, aku tansah ngêlus-êlus dhadha bae karo gèdhèg-gèdhèg.

M.H. Wiyono lan Siti Murtiningsih. Layangmu kang nandhakake sênêngmu, T.B. wis disalini aksara Latin wis daktampa. Kabèh bocah kêna nglayangi Bu Mar. No, ora mung sing langganan bae lan Kêjawèn uga sumêbar ing ngêndi-êndi, Pasundan lan sabrang, uga katulis basa Jawa.

Umi Kayatun Madiun, Dolah Kasilir, Sustarawulan Sêmarang, R.r. Kasibah Kasilir, Suparja Têgal.@Layangmu wis daktampa lan batangane cangkriman dhèk tanggal 27 Maart uga bênêr kabèh. Suparja karanganmu wis kêtampan, yèn ana papan bakal kapacak, bangêt panrimaku.

Mientarsih, Kustienah, Surti. Aku sênêng, kowe padha mêrlokake ngirimi layang manèh nyang Bu Mar lan karangan recept dhaharan uga wis daktampa. Ing sasisih ingisor iki kapacak. Kustien, bangêt bungahku kowe ngirimi layang manèh tur dawa bangêt lan sukur yèn kowe gêlêm ngumpulake recept-recept, sing diêmot ing Kêjawèn, sing tlatèn bae ya Tien, besuk rak suwe-suwe akèh.

Sukarti Sala Adiningrat. Layangmu têtêpungan wis daktampa kanthi sênênging atiku. Saya lawas saya mundhak kêponakan anyar, andadèkake bungahku. Dadi kowe saiki wis mêtu anggonmu sêkolah. Ti, sing tlatèn bae anggonmu sinau olah-olah, mbathik lan liya-liyane, suwe-suwe yèn bisa ngêcakake pagawean iku, rak banjur dadi jêmpolan. Yèn kowe arêp milu urun ngisèni T.B. ya kêna.

Supomo Imogiri. Bangêt bungahku kokkirimi layang lan bangêt panrimaku kokampirake nyang Imogiri, yèn pinuju mênyang Ngayogya, lan bakal kokêtêrake ndêlok pasarean. Karanganmu uga wis daktampa, yèn isih ana papan bakal kapacak.

Ismaji Sudarso. Wiyose aku wis nampa layangmu manèh kang isi karangan. Ora liya bangêt panarimaku.

Puja Utama Purwokêrto lan Siti Sukanti. Bangêt sênêngku barêng aku nampa layangmu. Puja, dhèk kapan kowe nyang Bêtawi, kok mêsakake têmên anggolèki omahe Bu Mar ora kêtêmu mangka nganti kodanan barang. Aku rak wis kandha Gang Bungur Jawa No. 8 lan kowe kok ora takon nyang kantor Bale Pustaka, rak banjur ana sing nuduhake. Cuwa bangêt, dene nganti ora bisa kêtêmu. Karanganmu uga wis padha kêtampan, yèn isih ana papan bisa uga kapacak.

St. Murtinah sakanca M.N.S. Blitar. Layangmu lan kanca-kancamu anêpungake nyang Bu Mar wis katampan kanthi bungahing ati. Yèn kowe arêp padha milu urun-urun ngisèni T.B. kanggo angramèkake, ora ana alangane.

Suparja Mênggala. Layangmu kang nandhakake kasênênganmu dene T.B. wis disalini aksara Latin, aku wis tampa, kêtrima bangêt. Karanganmu liya dina manawa isih ana papan bokmanawa iya kapacak.

Indinah Cikêbrok 20. Purwokêrto. Aku wis coba-coba ambadhe jênêngmu, nèk-nèke bênêr. In, bangêt andadèkake sênêngku barêng aku tampa layangmju tutupan kang dawa sarta isi potrètmu kang kaya kandhamu kanggo tandha katrêsnan. Saya wuwuh kapenginku wêruh Syphon sarta Jengawursluis ing Banjar, barêng kokcritani yèn pancèn apik Syphon iku.

Salamku nyang kangmas-kangmasmu, mbakyu-mbakyumu sarta adhi-adhimu lan aku milu muji, muga-muga mbakyumu sing sasi iki kudu examen, entuka anggone examen.

--- 66 ---

St. Rahayu, Tuti, Mutmainah Batang. Bangêt andadèkake sênêng lan bungahku, dene kowe têlu-têlune padha amêrlokake anêpungake nyang Bu Mar. Tuti, dadi saiki kowe wis mêtu anggonmu sêkolah. Ya sing srêgêp anggonmu ngrewangi ibumu ing pawon, lan sing tabêri sinau olah-olah utawa liya-liyane kabutuhan kanggo bocah wadon. Yèn pinuju padha kobêr, ngirimana layang manèh nyang Bu Mar.

Rr. Srihayu en Rr. Istiah Rêmbang. Karanganmu aku wis nampa, bangêt panrimaku. Yèn isih ana papan, bokmanawa kapacak.

Rr. Sutiamurni, Yogya. Layangmu isi têmbang sarta dongengan wis daktampa kanthi bungah. Liya dina yèn isih ana papan bakal kapacak.

St. Surakarta. Suharja awèh panarima nyang kowe, awit dhèwèke wis nyoba gawe wadhah rokok (karanganmu), iya pènapèni. sawangane, barêng wis dadi.

Abu Wêlèri. Ing sarèhne kanggo pamikirku, dongènge kancil iku mèh kabèh bocah ngêrti, mulane aku ora tau ndongèng bab Kancil manèh. Nanging yèn kowe mêksa njaluk candhake dongènge Kancil, liya dina bakal dakcritani manèh.

Salbiyah Têgal. Pitakonmu: I. Mripat sok kêdutên, iku ana sing ngarani sasmita, nanging uga ana sing ngarani yèn satêmêne jalaran saka ora ajêg lakuning gêtih. II. Kuping kala-kala krasa muni "nging", iku sabab saka ana angine ing jêro. III. Driji sikil sok krasa kamikêkêlên (kraam) iku uga sabab ora ajêg lakuning gêtih.

Tuti lan Srinarti Cikêbrok Purwokêrto. Andadèkake bungahku kowe padha mêrlokake gawe layang nyang ibumu. Nanging aja pisan dadi atimu aku ora bisa nuruti panjalukmu potrèt.

Layang liya-liyane bakal takwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar.

PINTÊR NJOGÈD.

[Grafik]

Ing dhuwur ini gambare bocah umur 12 taun aran Roland wis dadi kampiun jogèd, kang lagi mitontonake jogèd cara nêgarane, Kaukaus (Ruslan), ing ngarêpe kanca-kancane lan wong-wong ing kampung panggonane Roland. Bocah-bocah, dêlêngên anggone padha sênêng-sênêng, kêplok-kêplok, lan Roland dhewe mèsêm-mèsêm saka sênênge. Dene panganggone Roland kaya panganggoning saradhadhu bangsa Kozak kang misuwur ing Roslan. Apa kowe uga padha sinau jogèd?

--- 67 ---

KINANTHI.

Bu Mar nuwun wiyosipun / amba kumapurun niti / yèn ing sapunika mangsa / sajêg jêng ibu ngêmbani / mandhegani Taman Bocah / mêdal sabên Sêtu hari //

Upyêk para kadang ulun / nyawang sami angaturi / sêrat dhatêng jêng Ibu Mar / sabên hari ndlidir prapti / datan towong anggêr êjam / lir pendah kadiya garimis //Lebih satu suku kata:lir pendah kadya garimis.

Enjing sontên tanpa nganggur / maos sêrat sarta nggalih / dalah wangsulane pisan / punapa malih milihi / karangan ingkang prayoga / badhe kangge angisèni //

Nèng Taman Bocah nggènipun / nyata awrat sangganèki / mila botên sabên janma / ingkang kuwawi ngêmbani / kados dene jêng Ibu Mar / dhasar wasis angrangkani //

Tan wontên kuciwanipun / mila layak yèn kapiji / bauning Bale Pustaka / ngêmong kadang jalêr èstri / pantês lamun dados rena / saking têbih amba puji //

Alulus salaminipun / tan wontên ingkang ngrubêdi / Taman Bocah saya ngrêbda / widada salami-lami / nuntun dhatêng kamajêngan / murakabi bangsa Jawi //

Rèhning têrang ancasipun / Taman Bocah mung angèsthi / sampurnaning para mudha / swawi kadang amba sami / angudi amrih raharja / mikantukana sêsami //

Taman Bocah sawêg umur / wolung taun ing sapriki / ewadene sampun nyata / kathah ingkang angrênggani / anuju lampah utama / sapunika sampun titi //

Atur amba têlas sampun / nyuwun gunging pangaksami / sakathahing kalêpatan / dhatêng sadaya nupèksi / miwah dhatêng jêng Ibu Mar / tuwin kadang jalêr èstri //

Buntarta Sêmarang.

DONGÈNG SAKA PONDHOK PÊSANTRÈN TÊRMAS

(Candhake)

Si begal nglungani kanthi anggawa primbone Si Ibnukajar sarta ngucap: "He Ibnukajar, têka kainan bangêt dene anggonmu sinau kawruh-kawruh mung kocathêti bae, ora koapilake, hla yèn primbonmu iki kobong, kawruhmu ya mêsthi milu sirna dadi awu. Kowe apa lali dhawuhing andika nabi: Qulubuhum anaziluhum: jawane= Atine umat Muhamad iku kang minangka dadi bukune.

Têkan sêmana si begal musna tanpa lari, Ibnukajar karanta-ranta pikire, sanalika cêngkelak bali puruita gurune manèh. Kyai guru barêng wêruh Ibnukajar bali manèh, saya bangêt kagète, nanging barêng wus midhangêtake ing aturiature. Ibnukajar, apa lêlakone ing alas mau, banjur dhawuh: "O, Ibnukajar, kowe kudu muji sukur ing Pangeran, kang andhêdhêr pitutur bêcik marang kowe, mula iya kudu koestokake." Ibnukajar uga wis nglênggana, mula banjur anjurung sinau ngèlmu-ngèlmu manèh tanpa nganggo dicathêti kaya sing uwis-uwis, nanging mêsthi diapilake. Wêkasane Ibnukajar dadi ngulama gêdhe, kang mumpuni sakabèhe ngèlmu, tur kabèh kawruhe matêng, tumancêp ing sanubari kabèh, lan sangajale ninggali kitab-kitab karangan kang adi luhung. Sawênèh ana dhawuh pawêlinge dhapur wulang surasane mêngkene:

Lamun sira ngudèng kawruh kaki / sayêkti nora bisa sampurna / yèn tan ganêp nêm sarate / dhihin akale wutuh / kapindho pengin dadi bangkit / ping têlu tabri ajar / ping pat anggêguru / ping limane kanthi wragad / kaping nême kudu santosa ing budi / nganti lawas mangsanya //

Cuthêl.

RECEPT DHAHARAN.

Beschuittaart.

Êndhog 8, gula 1 cangkir, beschuit alus utawa roti garing didhêplok alus 1 cangkir, susu 1 1/2 gêndul, mêrtega 2 sendhok dhahar, panili sacukupe.

Êndhog kaubêg karo gula. Susu, beschuit lan mêrtega sing wis kaêjèr banjur kacampurake, nuli dibakar sap-sapan ing loyang utawa piring sèng.

Mientarsih.

Lêlucon.

Sardi: "San, aku mau bêngi ngimpi, yèn kowe mènèhi dhuwit aku 15 sèn. Aku kok mangsuli: Lah iki rak kokehan sakêthip."

Hasan: "Ya, kene balèkna!"

__________

Simin: "Jam pira Din, saiki?"

Sidin: "Jam sêtêngah!"

Simin: "Sêtêngah piye, ta?"

Sidin: "Sêtêngah êmbuh ya, la wong jarume jam kae sing cêndhak... ilang."

Ismaji Sudarso.

__________

Guru: "Kri, kowe sabên-sabên wis tak tuturi, yèn murid ora kêna siya kewan."

Sukri: "Inggih, pak guru. Kula sampun ngêrtos."

Guru: "La aku wêruh dhèk wingi kok mbrundhuli kinjêng lan kok sujèni buntute, hara siya apa ora?"

Sukri: "Lo, lo, kula nalika samantên rak sanès murid, taksih dados lare angèn. Inggih punapa botên?"

Guru: "Wah, pancèn mbêling kowe kuwi."

Jaka Santosa.

--- 68 ---

SÊDULUR AKON-AKON.

I.

Kacarita ana sawijining wong sugih, aran Mangun, manggon ing desa kang kira-kira limang pal adoha saka kutha, karo bojone lan sêdulure lanang aran Karsiman.

Mangun lan Karsiman iku ora duwe sêdulur manèh, lan wis ana sawatara taun lawase ditinggal mati biyunge.

Sarèhne Mangun sêdulur kang tuwa, ing mangka Karsiman nalika wong tuwane mati isih durung ngumur, mulane dhèwèke banjur sing kuwajiban nyimpên kabèh dhuwit lan bandha tinggalane wong tuwane.

Si Mangun iku dhasare kêsèd ing gawe lan ora sênêng sinau maca utawa nulis, sênênge mung adu jago, nyandhang bêcik lan sêsrawungan karo wong kang ora duwe pagawean lan ora gêlêm nyambutgawe. Wong-wong padha wêruh, manawa Mangun iku royal (dhêmên mbuwangi dhuwit kang ora pêrlu), dadi wis mêsthi bae wong sing kêsèd nyambutgawe padha sênêng sêsrawungan karo dhèwèke, pêrlu ngarahi kasugihane.

Ing kampung iku uga, ana wong loro, sing siji aran Sastra lan sijine Parta, kang gawene ora liya mung adu jago, main kêrtu, minum lan nyêrèt. Wong loro mau bangêt ditrêsnani dening Si Mangun, awit padha kêkarêpane lan wis kulina.

Anuju sawijining dina Mangun calathu karo adhine lanang, yaiku Karsiman, mangkene: "Man, ing donya iki angèl bangêt nêmu mitra kang sêtya. Mitraku sing bêcik atine lan padha kêkarêpane karo aku iku Sastra lan Parta. Wis dakpikir sawatara sasi lawase, wong loro iku arêp dak angkat dadi sêdulur.

Kacarita Karsiman iku umure kira-kira lagi 21 taun, dene adat kêlakuane beda bangêt karo kakange. Dhèwèke pintêr maca lan nulis. Sarèhning Mangun iku sêdulur tuwa, mangka umure kacèk akèh lan kabèh-kabèh sing ngrampungi dhèwèke, mulane Karsiman ora tau wani mênggah apa sing dikarêpake dening kakange. Barêng Karsiman krungu têmbunge Mangun kaya kang kasêbut ing dhuwur, dhèwèke bangêt kagète sarta banjur calathu mangkene: "Aku krungu omonging wong, kakang, jarene saupama wong arêp ngêpèk sêdulur iku kang anduwèni laku apik. Ing mangka kabar-kabare Sastra lan Parta iku dudu wong kang bênêr-bênêr, lan adat kêlakuane ora kêna diarani apik. Ananging kakang iku luwih tuwa, luwih mangêrti, mêsthine ya ora milih wong sêmbarangan bae. Yèn pangrasane kakang wis bênêr, ya mangsa bodhoa, aku ora wani ngalang-alangi karêpe kakang.

Mangun krungu kandhane sêdulure lanang kaya mangkono, andadèkake kurang sênêng atine, banjur mangsuli: "Kowe ngêrti apa, bocah, wis mêsthi bae wong sing ora sênêng karo Sastra lan Parta, ya ngabarake ala. Aku sing wis têpung lawas dadi wis ngêrti adat kêlakuane. Wong loro iku olèhe bêcik patrape nyang aku, ora mèmpêr-mèmpêra yèn dudu sêdulur, mulane aku banjur thukul trêsnaku nyang wong loro mau lan anduwèni niyat arêp ngêpèk sêdulur. Dene yèn kowe ora sênêng karo wong loro iku, ya ora susah canthuk lawung.

Sauwise Mangun kandha mêngkono, banjur akon bojone supaya sêdhiya mangan kanggo ngurmati Sastra lan Parta sabab sorene bakal padha diundang mangan, wong loro iku bakal katêtêpake dadi sêdulur lanang.

Dina iku bok Mangun ribut olah-olah lan sorene Sastra lan Parta padha diundang mangan. Barêng wis padha rampung anggone mangan Sastra calathu mangkene: "Kang Mangun, ing sarèhne aku sakloron sore iki wis katêtêpake diaku sêdulur karo kakang, yèn kakang ana pêrlu utawa sabab apa-apa, sanajan ana ing alas grêng utawa ing sajroning banyu, ya kandhaa bae, ora susah ewoh-pakewuh karo aku sakloron, aku bakal arêp tulung kanthi rilaning atiku."

Mangun mangsuli: "Sêdulur-sêdulurku kang pintêr, aku muji padhaa têmên anggone sêduluran, yèn padha ana kêkurangan apa-apa, têkaa mrene bae.

II. Wong loro kang padha drêngki.

Sauwise Mangun ngangkat sêdulur Sastra lan Parta sabên dina tanpa lèrèn anggone padha inum-inuman nganti mêndêm, lagi bali. Sadulure Mangun kang têmênan yaiku Karsiman sabên dina ora liya mung ngaji, maca, nulis, cêkake ora kêndhat anggone sinau kapintêran. Sabên dina maca buku-buku lan layang kabar, sabab Karsiman wêruh, manawa sing sapa dhêmên maca layang kabar, iku bisa mundhak kawruhe lan jêmbar sêsurupane lan uga banjur ngêrti kaanan ing nêgara ngêndi-êndi, nanging ora lunga saka ngênggon. Karsiman mulane banjur nulad pitutur kang bêcik-bêcik.

Pêrkara kakange sok mêndêm, dhèwèke ora patia mreduli, awit sabên dielikake ora tau ngungrokake.

Bok Mangun wêruh, manawi sing lanang ora tau mikir sadulure lanang, banjur milu krasa, yèn bojone kêlakuane iku ora bênêr. Dhuwit bageane Karsiman ora diwènèhake, mung dianggo sênêng-sênêng dhewe bae. Salêbare ngangkat sêdulur Sastra lan Parta, mundhak dina mundhak ndhatuk anggone doyan minum, durung bali yèn durung mêndêm. Kala-kala sing wadon ngelingake, ananging salawase Mangun ora tau gêlêm mrêduli. Ana candhake.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Langêndriya

Sêrat Langêndriya punika ingkang sampun mêdal wontên: 6 jilid, inggih punika lampahan:

1. Jumênêngipun Dèwi Kancanawungu.@2. Pêjahipun Rônggalawe.@3. Gunjaran (Radèn Watangan lan Radèn Buntaran katawan ing mêngsah).@4. Pêjahipun Menak Jingga.@5. Damarwulan jumênêng nata.@7.6. Panji Wulung dhatêng Majapait.

Jilid 6, babonipun sampun kalaksanan angsal. Sawulan kalih wulan malih mêdal. Ingkang sampun kalajêng mundhut jilid sanèsipun, botên kalajêng-lajêng cuwanipun. Ingkang dèrèng têmtu lajêng katarik panggalihipun.

Lampahan Langêndriya punika sabên têlas salampahan, golèk mêdal, sindhènipun ambak-ambing ragi kenging dipun raosakên.

Pakêm padhalangan ringgit krucil, cariyos lampahanipun: Radèn Damarwulan. Babon saking Ngayogyakarta, anggitan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkubumi.

Gêndhing ayak-ayakan, suwuk, lagon, kinanthi jôngga, kêndhangan côndra, golèk anjogèd anggrudha mawi ura-ura Kinanthi:

kanthi-kanthining pangidung / ngudang dadining pudyadi / prawèndyaning langêndriya / wandaya wêwêding èdi / wit karsa Jêng Gusti Pangran / Adipati Mangkubumi //

Litnan kolnèl jidan gupnur / pan sêtaph èstuning puji / mring raka jêng sri narendra / kluhuran yogya lêstari / sagarwa putra santana / têkan liyaning sanagri //

Ngayugyakarta kadhatun / pra andêl nayaka wrêsni / sumrambaha kasênêngan / wadyaning nata gêng alit / mituhuning kasadarman / darma amonging dumadi //

jêr pangudining pangidung / ngêngudang dadining pamrih / tan lyan mrih arjaning lampah / kudu waspadèng pra widi / aninggahi kawadakan / ngudi dadining utami //

krana sutamèng tumuwuh / mêmanuh langgêngi tokid / anir deya dèn kawangwang / wanguning kaanan jati / lir warna sajroning kaca / manjing ingkang aningali //

dhawah mas ginonjing, golèk anjogèd, nyambêr lajêng nglana. Rêp. Ura-ura malih, gêndhing Sinom Grandhèl:

kakang Gambyong prayoganya / aja katungkul ing kapti / luwih bêcik angupaya / pangrêti praboting urip / apa kang sira pilih / gramèn myang ngabdi pyayi gung / (Gambyong): raning bandhul baita / kayu gung rineka jalmi / karbèn apa nganggo golèk kang kangelan //

(Golèk): kakang Gambyong aja wangkal / kudu ora anglakoni / jêr iku wus ingran lumrah / panguripan dèn ulati / tan kêna anyinggahi / luwih luput yèn katungkul / (Gambyong): babo gèr pagêr wayang / lamun ta bodho lir mami / apa dadak banjur nora kêdadean //

(Golèk): kakang Gambyong kayaparan / durung ngrêti wis madoni / gonmu urip iku apa / ora lawan nyandhang bukti / yêkti iku tan prapti / kalamun ora linuru / (Gambyong): mas mirah kothak jêpan / kapithing kang sabèng sabin / apa dadi wong ayu pêpasthèn ilang //

(Golèk): kakang Gambyong bênêr sira / mula nyata nganggo pasthi / nging tan tinggal pangupaya / jêr witing ana pinurih / ana dadi kinardi / rasakna iki ujarku / (Gambyong): walang ijo larira / rak arèndèn imbuh lami / êmbuh-êmbuh kudu sun sukak gambyongan //

(Golèk): kakang Gambyong lamun sira / tan mituhu ujar mami / luwih bêcik pêpisahan / tanpa gawe sun ladèni / kêrêp ngudur sayêkti / wit wus sulayèng panêmu / (Gambyong): mas mirah sêmut abang / raning jendraling wong Ngarbi / aku gêmang yèn pisah kalawan sira //

Jogèd macak, suwuk, prêpêkan. Golèk ical, suwuk, bibaran.

Kajawi punika, Sêrat Langêndriya samangke kamirahakên. Rumiyin f 1.- utawi f 0,80 sajilidipun, samangke racak namung rêgi a f 0,30.

--- [0] ---

Ôngka 41, Stu Pa, 12 Mulud Ehe 1868, 22 Mèi 1937, Taun XII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [625] ---

Ôngka 41, Stu Pa, 12 Mulud Ehe 1868, 22 Mèi 1937, Taun XII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining Kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Warni-warnining Mèngêti Maulud Nabi - Kasangsaran Palwa Gêgana - Bab Babagan Kukum - Pitakenan - Pambagening Barang-barang Tilaranipun Tiyang Ngajal - Bab Tandhingan Main Bal Sawung Sêpuh - Raos Jawi - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Sang Hyang Bayu

IngkaIngkang. kasêbut ing cariyos, Sang Hyang Bayu punika dewaning angin, dene manawi dipun encokakên dhatêng ngèlmon, inggih atêgês napas, ingkang dados tandhaning gêsang. Mênggah daya kawasaning napas, ngawontênakên ngangah-angah, kêdah ngraos-raosakên, kêdah anggônda, kêdah mirêngakên suwara ingkang sakeca, cêkakipun namung milih ingkang sarwa eca tuwin sakeca. Sadaya wau pinangkanipun saking angin, dene sampurnanipun inggih dhatêng angin.

Andharan ingkang kados makatên punika, manawi dipun encokakên kalihan cêcariyosan kala ing jaman purwa, inggih punika ingkang akajêng ngatingalakên pangawasanipun Sang Hyang Bayu dados sintên ingkang angluhurakên tuwin nyampurnakakên kajênging bayu wau, atêgês ngidhêp agami Bayu.

Mirid katrangan ing nginggil punika, sampun wontên oncèkanipun sawatawis ingkang nalaripun ragi mèmpêr bilih bayu wau dipun têgêsi napas, tuwin inggih sampun mèmpêr manawi napasi punika lajêng lèrèg dhatêng kamurkan, inggih punika gambaraning kawasanipun Sang Hyang Bayu. Tamtunipun bab punika lajêng katingal nyatanipun, botên wontên kamurkan ingkang tuwuhipun botên mawi nyenggol dhatêng napas. Awit saupami napas botên wontên, lajêng botên wontên ingkang dipun senggol, inggih akajêng tiyangipun sampun suwargi. Dados cêtha mênggah panguwasanipun napas.

Nanging manawi angèngêti, sampurnanipun inggih dhatêng angin, tumraping pangungsêt anggocèki bilih kajênging panguwasa ingkang lèrèg dhatêng kamurkan wau inggih kêdah dipun sampurnakakên dhatêng angin, inggih punika angin ingkang sarèh, dados inggih napas ingkang sarèh.

Tamtunipun tumrap ingkang rêmên dhatêng gênging pangawasanipun Sang Hyang Bayu ingkang sarwa kuwasa wau, manawi kapurih sarèh napasipun lajêng gêla, tuwin lajêng sajak katingal rèmèh. Nanging cobi nyarèhakên napas punika gampil punapa angèl. Gampil punika tumrap ing napas kasar, nanging napas ingkang alus, tamtunipun sampun botên mawi kêmpum-kêmpus,kêmpus-kêmpus. mila lajêng minggah dhatêng kêgawatan.

Kados makatên gaduging pangungsêt babagan Sang Hyang Bayu.

Cêkruktruna.

--- 626 ---

Kawruh Sawatawis

Warni-warnining Mèngêti Maulud Nabi.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 40.

Muludan ing tanah Jawi.

Ing tanah ngriki sabên ing wulan Rabingulawal ugi kathah ingkang sami damêl Muludan, tumrap praja Kajawèn ing Surakarta tuwin Ngayogyakarta, wontên karamean ingkang misuwuripun nama: Sakatèn, inggih punika wiwit tanggal kaping 6-12 Rabingulawal, ing surambi masjid agêng kangge pasowanan tuguranipun para priyantun golongan pamêthakan, siyang tuwin dalu wiwit jam 9-12 sami darusan maos Kuran utawi sanèsipun.

[Grafik]

Untabipun têtiyang sêmbahyang wontên Mêsjid Agêng ing Surakarta.

Bangsal kalih kiwa têngên ing plataran Masjid Agêng, dipun wêwahi tarub sarta rinêngga ing palisir gula klapa, nglêbêtipun ing wanci siyang dalu kangge ngungêlakên kagungan dalêm gôngsa Kyai Sakati.

Kacariyos Kyai Sakati punika, iyasanipun para wali ing jaman Dêmak, kaungêlakên ing salêbêtipun wontên karamean Sakatèn, manggèn salêbêting capuri Masjid Agêng, wigatosipun kajawi kangge pahargyan minôngka mèngêti Maulud Nabi, inggih ugi wigatos kangge miluta agami, mila karamean Mauludan wau lajêng katêlah nama: Sakatèn. Awit saking punika, kabêkta saking ada-adanipun para luhur linangkung ing jaman kina, pocapan Sakatèn wau dumugining sapunika, kathah ingkang sami mraceka utawi mrêdèni warni-warni, sawênèh wontên ingkang ngothak-athik, inggih sanadyan gagap-gagap, namung mirid saking ngèngêti asal mulabukanipun, nanging sajak ragi mathuk: Sakatèn, asli saking basa Arab: Sahadattèn, atêgês sahadat kalih. Gagapan ingkang kados makatên punika, cocog botênipun, anyumanggakakên.

Ungêling gôngsa tuwin bikakipun karamean Sakatèn, wiwit tanggal kaping 6 Rabingulawal. Ing alun-alun lèr dipun wontêni toko bêbanjêngan, kangge sêsadean barang warni-warni, saha têtingalan sapanunggilanipun, punapadene kangge mitongtonakên kagunan utawi dêdamêlanipun bôngsa pribumi. Dene dhapukaning tatanan kados limrahipun pêkên malêm, namung kaotipun ingkang [ing...]

--- 627 ---

[...kang] sami malêbêt ing papan karamean (ngalun-alun) botên mawi kapupu ing beya, jêr Sakatèn punika sampun dados karamean kabangsan ingkang sambêt kalihan agami.

[Iklan]

Pungkasaning karamean tanggal kaping 12 Rabingulawal (Grêbêg Mulud), ing dintên malêm tanggal kalih wêlas wau, ing surambi Masjid Agêng dipun wontêni dikir Maulud saraphul anam (slawatan) basa Arab, nanging mawi lagu Jawi anggitan dalêm Ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping IV.

Enjingipun lajêng pasowanan Grêbêgan, inggih ing ngriku punika pasamuwanipun ingkang agêng, ingkang sinuhun ingkang minulya saha wicaksana miyos ing sitinggil, mawi upacara agêng-agêngan, paduka tuwan gupêrnur saha Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, tuwin para luhur, para prayagung sanès-sanèsipun, sami angèstrèni ing pasamuwan Bakda Mulud punika. Pêpatih dalêm, para bupati, bupati anom, tuwin abdi dalêm panèwu mantri sapangandhap, sami sowan ing bangsal Sanasumewa. Abdi dalêm pangulu sakarerehanipun, sami sowan ing surambi Masjid Agêng.

Sakèndêling pakurmatan drèlipun abdi dalêm prajurit jawi lêbêt, saha ungêling mriyêm, sarta kèndêl ungêling gôngsa Monggang, Kodhokngorèk tuwin musik, para ingkang sami sowan ing bangsal Sanasumewa, lajêng ngêpang ajad dalêm (gunungan) dhumatêng ing surambi Masjid Agêng. Badhe kasambêtan.

Musawar.

--- [628] ---

Kasangsaran Palwa Gêgana

Ing Kajawèn mêntas ngêwrat bab kasangsaran palwa gêgana Hindenburg. Pawartos ingkang kados makatên wau tumrap ingkang dèrèng dhamang tamtu pitakèn ing dalêm manah, kados punapa wujudipun, tuwin sapintên agêngipun, dene kasangsaraning palwa gêgana wau ngantos damêl pêpêjah kathah.

[Grafik]

Caraning palwa gêgana Hindenburg anggèning ngandhapakên têtiyang ingkang numpak, dipun panthêng tiyang kathah.

Supados ragi cêtha sawatawis, ing ngriki macak gambaripun palwa gêgana wau ing mangsanipun badhe mandhap, utawi pêpêthan kawontênan salêbêting palwa gêgana wau. Para maos lajêng sagêd manggalih piyambak.

Palwa gêgana Hindenburg punika panggarapipun tigang taun, wontên ing Zeppelinreederij Jêrman.

Pandamêlipun Hindenburg punika beda kalihan pandamêlipun palwa gêgana Graaf Zeppelin sanès-sanèsipun. Tumrap pandamêling Graaf Zeppelin ingkang sakawit, namung prêlu kangge sinau. Nanging tumrap Hindenburg punika pancèn badhe kangge lampah anyabrangi lautan Atlantic. Lampahipun kangge ambêkta tiyang numpak tuwin barang-barang sanèsipun, punapadene pos saking Eropah dhatêng Amerikah. Prabot-prabot ing salêbêting palwa gêgana wau sampun sarwa mêpêki. Awak-awakanipun ingkang pasagèn wontên 36 mètêr, panjangipun 245 mètêr, wiyaripun 41 mètêr, jêmbaripun sadaya wontên 190.000 mètêr kibik. Balunganipun bangsaning pêlikan ingkang langkung ènthèng. Balonipun sinjang tênunan dipun cèt ngangge cèt ingkang maligi kangge punika.

Kala wulan Marêt 1936 palwa gêgana Hindenburg wiwit kacobi anggêgana, dipun lampahakên dening Dr. Hugo Eckener mawi dipun biyantu dening Kaptin Lehmann tuwin Kaptin Pruss. Kuli ingkang anggarap palwa gêgana wau dasanan ewon, nalika dipun cobi anggêgana wau sami tumut ningali. Sasampunipun anggêgana wontên sanginggiling talaga Constanz lajêng mandhap, wilujêng.

Ing wêkasaning wulan wau, palwa gêgana Hindenburg ugi anggêgana malih dhatêng Amerikah kidul, langkung nagari Walandi. Anggêgana kapisan punika ingkang numpak tiyang 40 golongan warni-warni, kados ta bôngsa Prancis, Amerikah, Ostênrik,

--- [629] ---

Brasiliê tuwin Walandi. Punggawaning kapal wontên 54. Ingkang mangagêngi Kaptin Lehmann. Dr. Eckener namung lugu numpak kemawon, prêlu badhe ningali palabuhan anggêgana ing Rio de Janeiro.

Dene anggêgana ingkang wêkasan punika kapetang ingkang kaping 21. Mirid kawontênan ingkang kados makatên punika nandhakakên bilih tumindaking damêl palwa gêgana Hindenburg sakalangkung marêmakên, awit nyata wilujêng botên kirang satunggal punapa. Nanging dhawahing apês punika botên kenging kinintên, kala tanggal kaping 7 wulan punika, HindenhurgHindenburg. anggêgana saking Eropah, dumugining Lakehurst, Amerikah, nalika badhe mandhap ing papan pakèndêlan, kêbêsmi.

Kalanipun kabêsmèn, kasumêrêpan ing têtiyang ingkang sampun sami mapan wontên ing papan ingkang badhe kangge mandhap, aloking tiyang pating jlêrit, dening sampun botên kasamaran malih Hindenburg manggih bêbaya. Kaptin Ernst Lehmann, ingkang dados sêsêpuhing palwa gêgana Hindenburg tuwin têtiyang sanès-sanèsipun 35 sami tiwas, sawarnining barang-barang tuwin pos, sami sirna kêbêsmi. Miturut katrangan ingkang langkung cêtha, kêbêsminipun palwa gêgana Hindenburg wau sasampunipun ngandhapakên tangsul kawat, lajêng kamirêngan suwara anjêblug, ingkang kawêkasanipun katingal latu murub angalad-alad wontên ing badaning Hindenburg ing perangan wingking. Malah katingal tiyang pintên-pintên sami anjêlog saking nginggil. Sasampuning sirêp, ing papan ngriku lajêng dipun sêngkêr botên kenging dipun ambah ing tiyang.

Sasampunipun kalampahan makatên, lajêng dados papriksan, punapa ingkang anjalari kêbêsmèning Hindenburg wau. Miturut papriksaning ahli, Tuwan Rosendhal, ngintên bilih kasangsaran wau tuwuh saking panjêblosing waterstofgas, nanging botên sagêd mastani jalaran saking punapa. Manawi miturut saking pamanggihipun Dr. Hugo Eckener, sanadyan dèrèng sagêd nêtêpakên sababing kasangsaran, nanging sagêd nêtêpakên botên prayoginipun migunakakên waterstofgas, dene ingkang prayogi nganggea helium, bangsaning gas sanès.

[Grafik]

Pêpêthan ing palwa gêgana Hindenburg. Promenade= panggenan mlampah-mlampah, pados hawa. Hal= panggenan lêlênggahan. Schrijf-en leessalon= panggenan nyêrat punapadene maos. Slaapkamers= sênthong patilêman. Conversatie-en eetzaal= panggenan ngandikan lan dhahar.

Mirid gawating kawontênanipun, kasangsaran punika kêdah dipun pariksa dening para ahli ingkang langkung titi, awit manawi botên makatên, tamtu botên sagêd manggihakên kawigatosanipun. Wah malih ugi lajêng wontên panggrayang bilih kasangsaran punika tuwuh saking pandamêling tiyang.

Mila ing bab kasangsaran punika lajêng nuwuhakên panggagas lêbêt tumraping para ingkang kawogan.

--- 630 ---

Bab Babagan Kukum

Tiyang èstri Jawi ing ngarsaning pradata.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 40.

Ing taun 1875 landrad ing Batawi amanggalih: tiyang èstri Jawi punika miturut ukuming agami Islam, sanadyan sampun semah têksih wênang amurbawasesa ngamalipun.

Ananging sarêng prakawisipun kaulur ing ngarsaning Raad van Justitie ing Batawi putusanipun: Tiyang èstri Jawi semahan botên wênang amurbawasesa ngamalipun.

Punika ingkang kangge waton: ukum Islam sasampuning katindakakên ing tanah Jawi. Raad van Justitie sadèrènging paring putusan mawi mriksa undhagi ukum Islam sawatawis, ingkang anglairakên pamanggih: Orang pêrampuan milik bage lakinya. (Gandri, putrane Ki Agêng Sela!)

Nanging Hooggerechtshof ing taun 1877 sampun amutus:

Miturut ngadat tatacarane wong pribumi ing tanah Jawa wong wadon kang andarbèni ngamal dhewe iku bisa mandhiri murbawisesa dhewe marang ngamale, lan yèn somahan uga isih wênang anggugat utawa anjawab bab iku ing ngarsaning pradata tanpa ambutuhake panguwasa utawa pambantuning lakine.

Ing taun 1880 Raad van Justitie ing Batawi andhawuhakên putusan: Tiyang èstri wênang ngadhêp ing ngarsaning pradata tanpa pambantuning lakinipun.

Punika ingkang kangge waton: sêbab ukum Islam botên ngêwrat paugêran ingkang amatêsi wêwênanging tumandang tiyang èstri lan ing wiwit kina mila tiyang èstri lan ing wiwit kina mila tiyang Jawi angakêni wêwênang punika.

Malah nate wontên ingkang maibên: punapa tiyang èstri punika wênang anggadhahi milik. Punika kacihna saking putusanipun Hooggerechtshof ing taun 1896, ingkang amracihnakakên yèn pun jawab gadhah paturan: tiyang èstri Jawi punika botên wênang anggadhahi milik. Nanging Hof amanggalih yèn paturan makatên punika babarpisan cêngkah kalihan ukum Islam, tuwin ngadat tatacaranipun tiyang Jawi.

Ing pungkasanipun ing taun 1924 (sawêg 13 taun sapriki) ing ngarsaning Raad van Justitie ing Surabaya dados rêmbag malih punapa tiyang èstri Jawi semahan punika wênang ngadhêp ing pangadilan, putusanipun, wênang.Dilanjutkan pada hlm. 631.

Sêsorah ing Radhio saking Bale Pustaka

Benjing-enjing dintên Ngahad sontên, tanggal 23 Mèi 1937, wanci ½ 8 dumugi jam 8, Bale Pustaka ngawontênakên sêsorah ing radhio Nirom 2 gloflengte 190, ing bab cariyos layaran. Ingkang mêdhar sabda tuwan Armijn Pané.

--- [631] ---

[Lanjutan dari hlm. 630: Bab Babagan Kukum]

Sasampuning suwargi Prof. Mr. C. van Vollenhoven angêdalakên karanganipun Het Adatrecht in Nederlandsch-Indië I kintên-kintên kalih dasa taun sapriki, saya dangu saya wradin sêsêrêpanipun para priyantun ingkang ngasta pradata yèngyèn. lênggahing tiyang èstri Jawi punika sajajar kalihan lakinipun, lan wênang tumandang mandhiri piyambak, punapadene wênang angadhêp ing pradata anggugat utawi anjawab, sadaya punika atas paugêraning ngadat lan tatacara Jawi (dados botên atas paugêraning agami). Lan ing jaman air punika wêwênanging tiyang èstri Jawi kados ingkang kula aturakên wau sampun wradin dipun akêni ing pradata.

Ingkang kasêbat ing nginggil punika kula andharakên ing ngriki pikajêng kula sagêda para nupiksa anguningani kados punapa wigatosipun kita anyumêrêpi ngadat tatacara kita piyambak, ingkang katingalipun sarwa sapele, lan kados punapa wigatosipun ngadat tatacara kita punika umum kasumêrêpan ing liyan.

Purwarêja: 18 April 1937. Kandhiyur.

Putusan-putusan ingkang kula turakênaturakên. ing nginggil punika, kajawi putusan ing Surabaya 1924, pamêthik kula saking Mr. K.L.J. Enthoven, Het Adatrecht der Inlanders in de Juris prudentie (1849-1912), putusan Surabaya 1924 pamêthik kula saking Indisch Tijdschrift van het Recht 123 kaca 39.

Pitakenan

Nuwun, ing Kajawèn no. 36 tuwin 38 ingkang mêdal ing wulan Mèi 1937 punika, angêwrat bab sêsêbutan. Ing ngriku wontên ungêl-ungêlan makatên:

Tumuruning sêsêbutan pancêr èstri ingkang têksih tumindak ing sawatawis wilayah ing tanah Jawi Têngah utawi Wetan, ingkang botên cocog kalihan paugêraning pranatan punika kasuwak ing tanggal 1 Juli 1937. (art. 9).

Mênggah bab punika taksih angodhêngakên manah kula, jalaran ing tanggal 1 Juli 1937 wau: turun ingkang kasêbut nginggil punika wontên 4 golongan, inggih punika:

a. Ingkang dèrèng lair.

b. Ingkang sampun lair, nanging taksih alit, dèrèng angsal sêbutan ingkang sah, jalaran dèrèng kasuwunakên.

c. Ingkang sampun diwasa, sarta sampun angsal sêbutan ingkang sah saking bupati (nanging saking gupêrnur dèrèng, sabab dèrèng cêpêng damêl dhinês).

d. Ingkang sampun cêpêng damêl dhinês, sarta sampun angsal sêbutan ingkang sah saking gupêrnur.

Amila kula nyuwun priksa, saking a.b.c.d. wau pundi ingkang kasuwak (ingkang botên wênang angsal sêbutan), punapa namung a kemawon, punapa sadaya (a.b.c.d.).

Wasana sangêt ing atur panuwun kula.

Kula langganan Kajawèn K. 4375 ing B.

Sastrasuwarna.

Bab punika kasumanggakakên panjênênganipun Tuwan Kandhiyur. Red.

--- 632 ---

Pambagening Barang Têtilaranipun Tiyang Ajal, Miturut Wewaton Phêkih

Sambêtipun Kajawèn nomêr 40

Wasiyat ingkang kados makatên punika nama langkung saking sapratigan, mênggah langkunganipun saking sapratigan (satus èwu upaminipun) punika têtêp lan botênipun, gumantung wontên rêmbagipun para waris, liripun, manawi sadaya para waris rêmbagipun sami mupakat, wêlingipun wasiyat wau sanadyan langkung saking watês, inggih mêksa têtêp, sarta kêdah katindakakên punapa lêrêsipun. Dene manawi rêmbagipun para waris sadaya sami anduwa lan botên rujuk, langkunganipun sapratigan wau botên sagêd katêtêpakên kalêbêt ing wasiyat. Makatên malih manawi para waris rêmbagipun sami pradondi lan diya-diniya, têgêsipun sawênèhing waris wontên ingkang mupakat lastarining punapa wêlingipun ingkang tilar dunya, lan wontên ugi sawênèhing waris ingkang botên condhong, punika lajêng wontên rêmbaging kukum piyambak-piyambak. Manawi wêling-wêlingan wasiyatipun ingkang tilar dunya sampun rampung katindakakên talêsihing saprêlunipun, sapintên tirahaning barang-barang têtilaran sawontênipun, punika kenging lajêng kaêdum dhatêng para waris ingkang lêrêsipun sami tampi bagean.

Mênggah gêgambaran pambagenipun barang-barang tilaran wau, têrangipun sawatawis makatên: upami wontên tiyang èstri tilar dunya, tilar ahli waris 15: jalêr-jalêr sadaya, kados cacah ingkang sampun kasêbutakên ing ngajêng, punika ingkang kalêrês angsal bagean barang warisan, namung tiyang tiga, inggih punika: 1. Bapa, bageanipun sapranêman (sudus), 2. bojo jalêr, bageanipun saprasakawan (rubuk), 3. anak jalêr, bageanipun ngasabah (tirahan). Wondene waris sanès-sanèsipun, kalêrês sami botên pikantuk maris, jalaran kêpalang dening wontênipun waris tiyang tiga wau. Têrangipun: putu jalêr botên angsal warisan, amargi saking wontênipun waris anak jalêr. Kaki botên angsal bagean warisan, amargi saking wontênipun waris bapa, dene waris ingkang sanès-sanèsipun ugi sami botên pikantuk maris, jalaran saking kêpalang dening wontênipun waris bapa tuwin anak jalêr.

Dene lampah-lampah pambagenipun makatên: sapintên wontênipun barang-barang tilaran, kadadosakên 12, lajêng kapêndhêt sapranêman= 2 bagean, katampèkakên dhatêng bapa. Kapêndhêt malih saprasakawanipun= 3 bagean, katampèkakên dhatêng bojo. Tirahanipun pitung bagean lajêng kasukakakên dhatêng waris ngasabah, inggih punika anak jalêr.

Manawi wontên tiyang jalêr ngajal, tilar ahli waris 10, èstri sadaya, punika ingkang manjing dados waris sarta angsal bagean barang têtilaranipun ingkang tilar dunya wau, namung tiyang gangsal, inggih punika, 1. biyung, bageanipun sapranêman (sudus), 2. bojo èstri, bageanipun saprawolon (sumun), 3. anak [a...]

--- 633 ---

[...nak] èstri satunggal, bageanipun sapalih (nispu). 4. Putu èstri saking anak jalêr, bageanipun sapratigan, anyampurnakakên kalih pratigan (sulus, nakmilakên sulusèn), 5. sadhèrèk èstri tunggil bapa biyung, bageanipun ngasabah (tirahan). Dene pambagenipun makatên: sapintên wontênipun sadaya barang tilaran, kadadosakên 24 bagean, lajêng kapêndhêt sapranêman (= 4 bagian) dhatêng biyung. Saprawolon (= 3 bagian) dhatêng bojo èstri. Sapalih (= 12 bagean) dhatêng anak èstri. Lan sapratigan anyampurnakakên sulusèn (= 4 bagean) dhatêng putu èstri. Tirahanipun 1 bagean, dhatêng waris ngasabah, inggih punika sadhèrèk èstri.

[Iklan]

Manawi wontên tiyang èstri ngajal, tilar waris jalêr tuwin èstri, punika ingkang angsal bagean warisan: 1. bapa, angsal sapranêman, 2. biyung, angsal sapranêman, 3. bojo jalêr, angsal saprasakawan, 4. anak jalêr satunggal, lan 5. anak èstri satunggal, bageanipun sami angsal ngasabah. Mênggah pambagenipun makatên: sapintên wontênipun barang tilaran, kadadosakên 36, lajêng kapêndhêt sapranêman (= 6 bagean) dhatêng bapa. Sapranêman malih dhatêng biyung. Saprasakawan (= 9 bagean) dhatêng bojo jalêr. Dene tirahanipun, 15 bagean, kasukakakên dhatêng anak jalêr sadasa bagean, ingkang gangsal bagian dhatêng anak èstri. Badhe kasambêtan.

Tadhah aksama.

--- [634] ---

Piwulang Kina Kasambêtan lan Larasipun kalihan Jaman Sapunika

Sambêtipun Kajawèn nomêr 40.

[Dhandhanggula]

Pra anduwe panyuwun kang luwih / kèh prabote kang mêsthi cinêgah / lakunira ingkang gêdhe / wus kudu kurang turu / bêtah luwe adoh mring èstri / sabar kang bisa nrima / sirikane nêsu / nora murka tyas lêgawa / lamun têmên tinêmu nuli pinanggih / tan cidra tômpa bêgja //

lawan manèh pêthinganing urip / anak putu ingkang têmên samya / aja geroh kowe anggèr / wong geroh kêmbangipun / lamun uwoh dadya ngapusi / yèn sisip padha uga / gunême tan payu / suwe-suwe dadi ala / nora ana ingkang gêlêm dèn cêdhaki / uripe mung mêmêlas //

kurang mangan kurang turu bêcik / miwah kurang têgêse wêruha / nora beda têrus gawe / gawean kang ginayuh / kadyadene wong nambut kardi / mung tansah dipun gêlak / nuli enggal rampung / ngêngurangi winastanan / pirantine manggêng tumindak ngrampungi / lumintu mintir dadya //

dadi lamun anggayuh utami / yèn ta calon kang agêng santosa / myang sêmbada onjo kabèh / apaa ingkang agung / gêdhenira marang prayogi / ngungkuli ing sadhengah / mungguh plorotipun / bisa dadi wong utama / kabèh mau angèl ênggone nglakoni / yèn muni têka gampang //

têrangira kêna dipun pirit / yèn jangkahe jêmbar gêng sanyata / dadine mung sacukupe / yèn gayuh madya tamtu / dadinira adate nisthip / yèn nistha jroning driya / dadi kere midhun / mula kabèh kang tan mirsa / mangrêtia calon iku gêdhe mêsthi / nging silip wuse dadya //

kosokbalik kodrakkodrat. karsèng Widhi / calonira mung alit sadaya / kaya wiji tuladane / wijine wiji klungsu / wujudira kaluwih cilik / wêkasan thukul nulya / dadi gêdhe dhuwur / edhum ngayomi nyrêkakah / riyu-riyu godhong akèh kêmbang kuning / uwohe asêm kathah //

têrusane wêwulang pêpeling / gampangira kajating manungsa / datan dadakan dadine / wuse dèn garap rampung / lagya katon nglêgakkên kapti / dununge mung rêkasa / nganggo gung pinêsu / kanthi tindak kang waspada / badan lara dening kandêling prihatin / aboting urip wruha //

sajatine wong kuna linuwih / tamtu nyata têmên nora dora / nging sababe wus kasuwèn / lan seje mangsanipun / prêlu ladhang dènnya nglakoni / pambudining gayuhan / mrih bisane tamtu / kabèh laku mung prayoga / saringana sarining laku kang dadi / ringkêse tapabrata //

sanadyan wus seje jaman kaki / nanging yêkti sarèhning manungsa / nora kewran pangangkahe / kaya ta duk sinau / wuse sêla nandukkên batin / lamun wus nambuknambut. karya / sasêlane kudu / prihatin lan kang santosa / kawruh ingkang sêjati eling Hyang Widhi / gamane jawa tapa //

mrih istijap panggah pungguh nuli / ingkang ngandêl gita linakonan / kaca brênggala kang gêdhe / cêtha nèng lênging kalbu / sira padha pasthi ngalami / kluwihaning Hyang Suksma / ingkang wus kapranggul / lagya kurang dhahar nendra / ing wêktune amêsu kawruhing gaib / wus nora kasamaran //

amung iku mêsiyating ngèlmi / cêkak aos wus mêsthi karasa / kaanane nora kècèr / tuladan cêtha cukup / gamblang-gamblang rasaning ati / amula trus nyatakna / wulang kasbut dhuwur / wus cêdhak lawan kabêgjan / nugraha gung aluse kabèh cumawis / wus bêcik dadya mulya //

D.

--- 635 ---

Bab Tandhingan Main Bal Sawung Sêpuh

Sajêrone ing Batawi dianakake konggrès Parindra, sing tak alami pancène mono pirang-pirang bangêt. Nanging ing sarèhne sakèhing ariwarti ing kene wis padha macak pêrslahe kanthi talêsih kabèh, kaya-kaya bakal ambosêni saupama Kajawèn uga ngêmot kaanane konggrès, awit kajaba cara nunggange sêpur, mêsthine iya wis kêpancal bangêt, caritane bakal ngaluk-aluk dawane. Mulane sing arêp tak andharake ana ing kene mung ing bab sing ora pati rete-rete kapacak ing koran, ewasamono kiraku sathithik-sathithik kêna kanggo tômba ngantuk, saupama dianakake wawasan sawatara. Dene bab sing arêp tak rêmbug, yaitu: bab tandhingan main bal para jago tuwa. Mung bae yèn ana kalimpute wawasan, muga-muga sing rumasa kêtaman, krêsaa paring ngapura sahohah.

Dene ing kala samono sing diadu mau, jago-jago tuwa golongan Parindra lan V.I.J. Jago-jago tuwa Parindra yaiku 1. Mr. Radèn Kuncara, ajung rèpêndharis ing polêksrad, 2. H. Dahlan Abdullah, lid gumintê rad, 3. Dr. Slamêt Sudibya, dhoktêr nambani wong lara, 4. R. Sunarya, malaekat pindhahan, têgêse: anggêre ana wong pindhah, iya R. Sunarya mau sing ngadani, 5. R. Patah, baurêksane bibilotik museum, 6. R. Suratna, Jendral Padpindêr K.B.I., 7. Mangkurat, pènsiun komis, nganggo C, dudu K, 8. Sutan Iskandar, kêpala tukang andongèng ing Bale Pustaka, 9. Mr. R. Adi, rèpêndharis, Onderwijs lan wèt odhêr gumintê ing Batawi, 10. Rajamin, wikathaksinine palabuhan (douane-ambtenaar) lan 11. Aman, tukang crita ing Bale Pustaka.

Jago-jago tuwa golongan V.I.J. yaiku: 1 Abdurrahman, maleekat omah ing Batawi, sabab sing sapa gawe omah ana ing kutha Batawi, iya R. Abdurrahman iki, sing nitipriksa, 2. Dr. Muwardi, dhukun modhèrên, têgêse: dhukun kang olèh pangajaran cara jaman saiki, tur ngrangkêp dadi obrus padpindhêr K.B.I., 3 M. Tabrani, kumêndhaning layang kabar: pamandhangan, 4. A. Kadarusman, 5 Moh. Sjah Sapi'i, 6. Dr. Subrata, dhukun kewan modhèrên, kathik wêton sêkolahan ing Holan, 7. Suri, iki lanang, sanadyan jênêngane ayu. 8. Abas, 9. Parma Iskandar, tukang mulang muruk, 10. R. Suwandi, rèpêndharis, lan 11. Iskandarbrata, lid gumintê rad.

Dene sing dadi juru pêmisah: Dr. Tumbelaka mandhore para dhoktêr.

Nèk nitik pangkat-pangkate, para jago tuwa iki bôngsa mêthènthèng kabèh sarta bôngsa sing ora tau kêndhile mêngkurêb. Mulane iya pantês ingalêmbana, dene padha krêsa ngagêm panganggo sing padha. Kaya ta: jago-jago Parindra, panganggone sarwa putih, nganti yèn sinawang saka mandrawa prasaksat... kêthèk Anoman. Dene jago-jago V.I.J. panganggone klambi abang clana putih, saupama ora lali kêthune iya warna mêngkono mau, banjur

--- [636] ---

sinawang saka mandrawa, lir pendah kadya... badhut sirkus.

Ing kene aku ora niyat arêp gawe palapuran karampungane têtandhingan main bal mau, awit, kajaba aku dudu ahli main bal, kang bisa anjalari palapurane salah wèsêl, kala samono pamaine pating kruntêl, nanging iya pating slêbar, jalaran saka iku iya banjur angèl anggone arêp gawe pêrslah sing urut. Mulane ing kene aku mung arêp anggambarake tandang-tanduke para jago tuwa sawatara bae, nèk-nèke ana gawene.

[Grafik]

Kaya wis jamak lumrah tandang tanduking manusa, kuwi manut pakulinane sabên dina. Kaya ta bangsane guru upamane, pakulinane sabên dina mulang bocah, jalaran saka iku tandang-tanduke, anggêr kêtêmu uwong, iya sok arêp diwulang. Priyayi pangrèh praja, kuwi pakulinane sabên dina awèh prentah nyang lurah, prabot lan wong desa, mulane tandang-tanduke, anggêr kumpul uwong, karêpe iya arêp mrentah. Mêngkono uga jurnalis, dupèh sabên dina rumasa awèh pêpadhang, awèh pitutur, lan andêdongèngi wong akèh, watak-watake sabên uwong iya arêp di... pêthènthèngi. Mêngkono sabanjure.

Jalaran saka iku, mulane iya ora anggumunake, dene para jago tuwa kasêbut ing dhuwur, akèh sing nalikane padha main bal, banjur anggawa pakulinane sabên dina ana ing kono. Coba, tak gambare tandang-tanduke para jago tuwa sawatara ing kene. Dene yèn ana kalirune, aku nyuwun sêpora akèh-akèh, lan pasrah bongkokan.

Ing golongan Parindra, sing jaga gul (goal keeper) Tuwan Mr. Kuncara. Priyayine lêncir kuning lan sumèh, tandang-tanduke anêngsêmake. Nalikane mungsuh têka anyawatake bal, panjênêngane prayitna, nanging ngati-ati bangêt, bal banjur trangginas dicandhak, nanging kanthi alon-alon lan ngati-ati bangêt, sabanjure bal mau banjur kayadene di... lela-lela. Ora maido, sabab Tuwan Mr. Kuncara mêntas bae kagungan putra.

Kosok-bali karo jaga gul golongan V.I.J. Tuwan Abdurrahman, malaekat omah ing kutha Batawi kene. Yaiku: priyayi sing diwajibake nitipriksa omah sing arêp digawe. Dhasar priyayi gagah prakosa, gêdhe lêmu, anggone mêthukake bal iya bisa ngêpas, jangkahe: [jang...]

--- [637] ---

[...kahe:] ja-gling, ja-gling, sajaglingan kira-kirane iya cèplês samètêr. Iki bokmanawa saka pakulinane ngukuri lêmah sing kudu diprêsèkake nyang... gumintê kanggo ngambakake dalan jarene.

Bèg (panjaga gul), golongan Parindra, Tuwan Dahlan Abdullah, dêdêg piadêge mono rasêksa upamane, nanging rasêksa apik atine, liyane: ha-ha-ha-hak, ora ana. Mulane nêndhang bal kêna iya: ha-ha-ha-hak, luput panêndhange iya: ha-ha-hak, malah tumbukan karo kancane, iya: ha-ha-hak.

Bèg, golongan V.I.J. Tuwan Dr. Muwardi, dhasar dhoktêr populèr, bagus rupane, anom dhasare, liyane mèsêm ora ana. Pakulinane sabên dina: nambani wong lara: mèsêm, nyuntik: mèsêm, ditakoni sing duwe kuwajiban, apa pênyakite sing lara, iya mèsêm. Barêng mrasuk busana: klambi abang, clana putih, nanging ora kêthon abang putih, iya mèsêm têrus-têrusan. Ing sarèhne papanku nonton rada adoh sawatara, apa sajêrone ngoyak bal, nêndhang bal, mèsêm têrus-têrusan, hla, iki êmbuh, ora wêruh.

Tuwan Suratna, kaya sing wis tak kandhakake ing dhuwur, dadi jendrale padpindhêr, mulane sabên dina kirane iya tansah diwêdèni dening para padpindhêr kabèh, nganti bale bae iya wêdi, mulane barêng bale mara, arêp ditêndhang, saka wêdine banjur nlusup ing sangisore sikile, sarta ujug-ujug arêp andhèrèkake ana ing burine.

Tuwan Mr. Adi, dhasar ahli kukum, pangkat repêndharis, kathik ngrangkêp dadi wèt odhêr, dadi iya pangkat luhur têmênan. Mêsthine pakulinane sabên dina lênggah karo sapa bae, iya sagêd sasêkecane, ora prêlu sok kudu ngapurancang kayadene aku upamane, mulane barêng main bal, playune iya sakêpenakiranèki, malah kalane mlayu bantêr, ora kaya aku playune wungkuk, dadi sirahe sing nyang ngarêp, malah kala mlayu mau sing nyang ngarêp jêbul... padharane.

Tuwan Suwandi, repêndharis, irstê klas ing dhepartêmèn ondêrwis. Priyayi iki, sanadyan pangkate luhur, nanging andhap-asor bangêt, iya karo sapa bae, tansah andhap-asor, lan angajèni. Êmbuh ora wêruh, panggonanku rada kadohan, nanging kiraku, kalane main bal mau, anggêr nyêdhaki bal, luwih dhisik iya ngandika:... nuwun sèwu, lagi: dhêng, nêndhang bale.

Tuwan Patah, kaya sing wis tak kandhakake ing ngarêp, baurêksane bibilotik museum, têgêse pakulinane sabên dina iya anjaga lan ngolak-alik buku-buku bae. Nalikane main bal sêmune pakulinane sabên dina digawa mrono. Buktine: nalikane ngoyak bal, lakune nganggo: mindhik-mindhik. Saupama wong lumrah mono, tak arani mindhik-mindhik kaya arêp... ngincup kinjêng. Ing sarèhne baurêksane bibilotik, anggone mlampah mindhik-mindhik mau, bokmanawa kala samono kemutan anggone ngindhik-indhiki... coro sing lagi plêsir ana ing tumpukaning buku.

Wis, samene bae panyandraku, yèn tak banjur-banjurake, mundhak saya akèh sing tungkul amleroki karo Si Petruk.

--- 638 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKI.

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Têngah, M. Pratikto, Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi veldpolitie ing Magêlang, Paresidenan Kêdu, dados asistèn wêdana Paresidenan Kêdu.

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Wetan, R. Sukmoadi, mantri pulisi Paresidenan Bêsuki, dados mantri pulisi Paresidenan Kêdiri. R.M. Kustomo, Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi Paresidenan Kêdiri, dados tijd. we. asistèn wêdana Paresidenan Kêdiri. Sumodirêjo, juru sêrat klas 1 Paresidenan Bêsuki, dados mantri pulisi Paresidenan Bêsuki.

Pisungsung dhatêng Sono Budoyo. Museum Sono Budoyo ing Ngayogyakarta tampi pisungsung saking Tuwan Hendrik, administrateur kabudidayan Gondang Lipura, awarni grobag kajêng surungan damêlan Jêpara ing jaman kina.

Ariwarti enggal. Ing Tasikmalaya badhe wontên ariwarti enggal basa Sunda nama Timbangan. Dados sapunika ing Tasikmalaya badhe wontên ariwarti kalih, ingkang satunggal nama Tawêkal.

Kabudayan Jawi Java Instituut ing Bali. Benjing Congres Java Instituut ingkang kawontênakên ing Bali, Ngayogya badhe ngêdali têtingalan Jawi saking pakêmpalan Krido Bêksa Wiromo, inggih punika satunggaling kagunan Jawi ingkang dipun asta ing panjênêngan dalêm G.K.P.H. Tejokusumo tuwin B.K.P.H. Suryodiningrat. Ingkang badhe kapitongtonakên awarni bêksan, tuwin niyaga alit-alit saking pakêmpalan Siswa Swara, inggih punika pakêmpalaning para mudha murid Taman Siswa ingkang dipun pangagêngi dening R.M. Subroto Dewantoro.

Werkcentrale tumrap para pangajaran. Wiwit benjing tanggal 1 Juli ngajêng punika, ing Surakarta kawontênakên Werkcentrale kangge para neneman pangajaran, apawitan f 25.000.-. Dene ingkang badhe dipun tampèni nyambut damêl ingriku para neneman ingkang gadhah diploma H.I.S. minggah, ing sabên wulanipun angsal arta jajan f 5.-. Ingkang dados panuntun babagan padamêlan R.M. Hatmohudoyo tuwin Tuwan Sumarno.

Daya pitulunganing motor mabur. Ing Bula, Nieuw Guinea mêntas wontên tiyang sakit blindedarm rêkaos. Ingriku lajêng sagêd angsal pitulungan saking motor mabur ingkang nuju wontên Serui ambêkta Dr. De Hartog saking Babo. Wanci jam 7 sontên sagêd ambêdhèl, pinanggih wilujêng.

Kêbon Raja ing Bogor sampun 120 taun. Adêging Kêbon Raja ing Bogor kala tanggal 18 wulan Mèi punika sampun 120 taun. Ing tanggalipun 22 Mèi Directeur Kêbon Raja wau ngawontênakên lêlênggahan ing dalêmipun antawising jam 7 dumugi jam 9. Dados pèngêtan wau namung kadamêl ing sapêrlunipun kemawon.

Laboratorium wacucal. Miturut wartos, laboratorium wacucal (leerlooierij tuwin damêl sêpatu) ing afdeeling Nijverheid ing Bogor badhe kapindhah dhatêng Ngayogya. Manawi kasêmbadan pindhahipun wontên têngah-têngahaning taun punika.

Dados patih ing Jombang. Miturut wartos R. Murteja wêdana ing Madiun, katêtêpakên dados patih ing Jombang, Paresidenan Surabaya.

Utusan Volkenbond. Benjing tanggal 6 tuwin 7 Juni ngajêng punika, utusan Volkenbond babagan panulaking sêsakit malaria badhe dhatêng ing Ngayogya, pêrlu badhe papriksa dhatêng Adikarta ing panggenan-panggenan ingkang pêrlu ingatasing babagan punika.

Kêpala durjana kaukum. Pangadilan Landraad ing Cileungsi sampun mriksa prakawisipun kêpala durjana nama Paih bin Langkin, ingkang kadakwa ngoyok ing pintên-pintên panggenan ing bawah Bogor. Saksinipun wontên 11, inggih punika têtiyang ingkang sami kêkoyokan, tuwin asistèn wêdana ingkang nyêpêng. Papriksanipun ngantos lungse ing wanci. Karampunganipun Paih kaukum kunjara 8 taun.

Pamulangan luhur Dhoktêr. Lulus doctoraalexamen perangan kapisan, tuwan-tuwan Abdulhalim, Liem Khoen Kiem, Lim Peng Lam tuwin Muryawan.

Kathah punggawa saking ngamanca. Ing salêbêtipun satêngah taun kêpêngkêr, ing Tanjungpriok kathah bêbau bangsa Tionghoa tuwin Walandi, amargi kathah panggaotan agêng Walandi andhatêngakên punggawa saking nagari Walandi, dene kapal-kapal ingkang dhatêng saking Tiongkok sami ambêkta kuli-kuli bangsa Tionghoa.

Balapan baita ing sagantên. Dèrèng dangu mêntas kawontênan lampah rikat tumrap baita motor saking Banyuwangi dhatêng Anyêr, têbihipun 1398 km., dipun tindakakên dening Van Hamert. Lampahipun pinanggih sae. Kala ing wulan Mèi taun 1935 ugi wontên tindak makatên, ing sapunika pinanggih langkung rikat. Bidhalipun jam 12 siyang, enjingipun jam 10.3 mênit dumugi Anyêr. Rikatipun ing dalêm saêjam 69.4 km. Ing dalu katêmpuh ing jawah. Wontên ing margi kawontênakên panitipriksan pintên-pintên panggenan.

Padvinder ingkang badhe dhatêng jamboree. Miturut wartos saking Hoofdkwartier Padvindersbond, K.T. Ingkang Wicaksana kaparêng angêmori damêl babagan padvinder tanah ngriki ingkang badhe jamboree dhatêng nagari Walandi. Benjing tanggal 15 Juni ngajêng punika kaparêng badhe nitipriksa, inggih punika nalika badhe bidhaling padvinder wau kirang sadintên, pamriksanipun wontên plataran Koningsplein, Batavia Centrum.

Papriksa dhatêng Manokwari, Digul tuwin Marauke. Kala tanggal 16 wulan punika motor mabur Dornier sampun wangsul saking papriksa tanah Manokwari, Digul tuwin Marauke. Ingkang tindak papriksa wau residèn Haga tuwin edeleer Visman, salajêngipun wangsul dhatêng Surabaya nitih motor mabur pambucal bom T 16.

Sata tanah Karajan Jawi angsal rêgi. Miturut wartos, rêgining sata saking tanah karajan Jawi mindhak, inggih punika ingkang pinanggih wontên lelangan ing Amsterdam, sata wêdalan ing Surakarta. Kala ing taun kêpêngkêr ingkang rêrêgèn 25 utawi 30 sèn, ing sapunika pajêng 80 sèn.

Volontair Ir. Dèrèng dangu Gemeente ing Bandung masang pariwara ing bab lowonging volontair Ir. blanja f 50.-, dene ingkang dipun têdha ingkang gadhah diploma T.H.S. Bandung utawi Delft, utawi diploma ingkang sami ajinipun, kapilih ingkang wêdalan ing taun 1929 dumugi sapunika. Pinanggihipun ingkang nglamar padamêlan wau sampun wontên tiyang 9. Tamtunipun taksih wontên pilihan malih.

--- 639 ---

Pindhahan pangarsa Landraad. Mr. Suwarso Tirtowiyogo, pangarsa LanraadLandraad. ing Pamêkasan, kapindhah dados pangarsa Landraad ing Nganjuk. Mr. Suwarso punika anggèning wontên ing Pamêkasan sampun 7 taun.

Parêpatan golongan Landbouwconsulent. Ing Bêtawi mêntas wontên parêpataning para Landbouwconsulent tuwin Nijverheidconsulent satanah ngriki, dipun jênêngi ing panjênênganipun Directeur Economische Zaken. Para Consulent wau sami sêsorah gêntos-gêntos ing bab angsal-angsalanipun sêsêrêpan-sêsêrêpan ingkang gêgayutan kalihan panggêsanganing kawula. Tumrap Landbouwconsulent ing Makasar ngandharakên bab baita, ing Mênado bab siti tuwin sambut-apisambut, ing Sumatra Kidul bab karèt, ing Samosir bab wowohan, sayuran tuwin tênun, ing Bênkulên, Palembang tuwin Lampung ambiyantu bab paboyongan.

Anjêmbarakên pabrik gas. Jalaran saking kathahing indhakipun têtiyang ngangge gas ing Surabaya, Ned. Ind. Gas Mij. gadhah sêdya badhe njêmbarakên pabrikipun. Tumrap Ngagel badhe dipun dèkèki wadhah gas ingkang agêngipun 10.000 mètêr pasagi, ngungkuli ing Gembong. Wadhah punika tumrap tanah ngriki kapetang ingkang agêng piyambak.

Paargyan jumênêngan Nata Inggris ing Pamanukan tuwin Ciasêmlandên. Administrateur bangsa Inggris ing Pamanukan tuwin Ciasêmlandên mêntas ngawontênakên paargyan jumênênganipun Nata Inggris. Paargyan wau agêng-agêngan, mawi ngulêmi Gupêrnur Jawi Kilèn, Directeur Economische Zaken, Bupati Krawang tuwin commandant garnizoen. Mawi sontit mêdharakên kasugênganing Nata Walandi tuwin Nata Inggris sakalihan pramèswari, kanthi ngungêlakên lagu kabangsaning kalih nagari.

Malsu umur kangge pados kindertulage. Raad van Justitie ing Bêtawi mêntas mriksa prakawisipun Mas A. jalaran kadakwa malsu umuring anakipun pêrlu kangge nglajêngakên murih têtêp angsal kindertulage. Jawabing dakwa, anggèning gadhah tindak makatên punika jalaran saking kathah ingkang dipun manah. Karampunganipun kadhawahakên sanès dintên. Punika kenging kangge pèngêt.

Barang-barang saking Cirêbon. Marêngi ungêling gangsa Sêkatèn ing Ngayogya, museum Sono Budoyo mitongtonakên barang-barang saking Cirêbon, warni sinjang bathik, gangsa si Megamêndhung, ringgit golèk gagrag kina, dalong (blencong), barang-barang praboting griya awarni: enthong, pagantenan, tuwin sanès-sanèsipun kathah sangêt. Barang-barang wau kintunan saking priyantun pangrèh praja.

Congres Parindra. Parindra kalampahan sampun ngawontênakên congres wontên ing Bêtawi, manggèn ing gêdhong kabangsan Gang Kenari. Ngantos dumugining wêkasan pinanggih wilujêng.

Parêpatan agêng Al Islam. Ing tanggal 23 dumugi 25 Mèi punika, Al Islam badhe ngawontênakên parêpatan agêng manggèn ing Surakarta.

EROPA.

Tilas Nata Inggris. Benjing tanggal 3 Juni ngajêng punika, Hertog van Windsor, tilas Nata Inggris badhe krama angsal Mrs. Wallis Warfield, wontên ing kasteel Cande, Parijs. Nikahipun badhe katindakakên dening burgermeester ing Mont Mercier. Tamunipun namung mêndhêt tiyang-tiyang ingkang kulina kalihan Hertog Windsor tuwin badhe garwanipun ing kala wulan kêpêngkêr. Tumrap kulawarga karajan botên wontên ingkang badhe anjênêngi, tamunipun kintên-kintên namung 25.

Kala jumênêngipun Nata Inggris, George VI, Hertog Windsor kaparêng mirêngakên sêsorah upacara wontên radio. Panjênênganipun mêling film jumênêngan, dalunipun dhatêng, lajêng kamainakên. Hertog Windsor kaparêng maringi sêrat pamudyarja dhatêng rayi nata.

Nêrak prajanjian. Prancis kadakwa nêrak prajanjian, amargi mêntas wontên motor mabur Sêpanyol cacah 16 saking Barcelona mandhap laladan Prancis, têrus dhatêng watês Sêpanyol. Ing bab punika Itali badhe nganggêp dhatêng Prancis nêrak prajanjian, awit mênggah lêrêsipun kêdah dipun êndhêg lampahipun, malah wajib dipun cêpêng.

Waragad pêrang Italie. Miturut petang, waragadipun Italie nalika pêrang kalihan Ngabêsi wontên 11.350.000.000 lire. Salire punika kintên-kintên 50 sèn.

Pêpacangan. Pangeran Karel ing Zweden, kapenakan Nata Prabu Gustaf, sadhèrèk suwargi Pramèswari Astrid, pêpacangan kalihan Gravin Elsa von Rosen, putranipun Graaf Engen von Rosen. Nanging wontên wartos, sang pangeran dipun icalakên anggèning kagungan hak kaprabon, amargi garwanipun wau sanès darah ratu.

ASIA

Campuhan rame ing tapêl watês. Ing tapêl watês tanah Indu lèr kilèn mêntas wontên campuhaning wadya Inggris golongan campuran kalihan golongan ebah-ebahan. Ing laladan Sham dipun kêpang, wêdya Inggris nêmpuh saking gêgana. Golongan ebah-ebahan manggih karisakan agêng.

NAGARI WALANDI

[Grafik]

Sinau wontên ing panggenan salju. Inginggil punika gambar murid-murid ing salah satunggaling sêkolahan ing nagari Walandi ingkang sinaunipun wontên ing panggenan salju.

--- 640 ---

Wêwaosan

Saribang

Pêpiridan saking buku karanganipun Baronesse Orczy.

61

Papan ingkang kangge kèndêl punika, têbihipun saking sagantên kirang langkung namung wontên pitulasan mètêr, amila jumlêguring ombak sagêd kamirêngan cêtha. Sopêlin tuwin Dhèsgas, kanthi kairit dening para prajurit, lajêng menggok nêngên, kintên-kintên lajêng ngambah ing margi ingkang anjog dhatêng gubug wau. Dene tiyang Yahudi sakreta tuwin kapalipun kantun wontên ing margi agêng.

Kanthi ngatos-atos sangêt, malah sarana brangkangan, sang putri ugi menggok dhatêng margi ingkang nêngên wau. Murih sampun ngantos kadêngangan, tindakipun sang putri wau kapêksa kêdah miyos turut garumbulan, kajawi punika ugi botên kenging nyuwara babarpisan. Jalaran saking ingkang makatên wau, kados inggih sampun layak kemawon, bilih wadana lan astanipun lajêng sami nandhang tatu. Tujunipun ing sauruting margi alit wau, ing kiwa têngên wontên pagêripun, lan ing sawingkinging pagêr wontên kalenanipun ingkang asat. Inggih ing kalenan wau anggènipun sang putri andhêlik, ingkang anjalari sang putri sagêd nyakêt ngantos tigang mètêr têbihipun, tanpa kasumêrêpan ing tiyang, saking panggenanipun Sopêlin kala suka parentah para punggawanipun wau.

Têmbungipun Sopêlin kirang langkung makatên: Mara, saiki kandhakna nyang aku, ing ngêndi gubuge Blangkar kuwi.

Kopral ingkang mangagêngi prajurit wau amangsuli: Saking ngriki, mêdal margi alit punika, kirang langkung wolung atus mètêr.

Sopêlin: Bêcik. Kowe saiki sing dadi cucuk. Sadurunge kene budhal, bêcike kowe kanthi alon-alon anjujuga dhisik nyang gubug kana, lan ngintipa, apa si kêparat-kêparat golongan sêtya raja isih padha ana ing kono. Ngrêti prentahku kiyi.

Kopral: Inggih, sampun ngrêtos, tuwan.

Salajêngipun Sopêlin nuntên suka parentah dhatêng para prajurit sadaya makatên: Kabèh padha ngrungokna, awit ing mêngko bokmanawa ora kobêr rêmbugan manèh. Mulane wigatèkna têmênan kandhaku iki, anggêpên, yèn nganti lali, bisa uga tiwas jiwamu. Lan pancèn iya mêngkono sing sapa ora migatèkake kandhaku kiyi mêsthi bakal tiwas.

DhesasDhèsgas. amangsuli: Kula sadaya badhe mirêngakên kanthi tumêmên, tuwan. Kalihan malih sampun dados wajibipun prajurit republik, botên badhe supe dhatêng sadaya dhêdhawuhan.

Sopêlin: Kowe, kang kudu nyêdhak nyang gubuk, kudu nyoba ngintip ing sajêrone kono sing nganti cêtha bangêt. Yèn wong Inggris sing tak karêpake ana ing kono sakônca-kancane golongan sêtya raja, yaiku wong Inggris sing dêdêg piadêge gêdhe dhuwur, utawa wungkuk prêlune mung arêp kanggo nyamarake dhuwure mau, kowe enggal-enggal ngunèkna sêmpritan, minôngka sasmita marang kônca-kancamu. Salajêngipun Sopêlin nuntên wicantên dhatêng para prajurit sadaya makatên: Yèn ana suwara sêmpritan, kowe kabèh kudu enggal-enggal lumêbu ing gubug kono lan siji-sijining wong kudu wêruh wajibe dhewe-dhewe, yaiku nyêkêli wong-wong sing padha ana ing kono sadurunge ana siji-sijia sing kobêr nyandhak gêgamane, utawa kobêr nglawan, dadi cêkak aos, anggone nyêkêl mau dikagètake, dadi saka bingunge kana nganti ora kobêr kapriye-kapriye. Ewadene yèn ana salah siji nêdya nglawan, bêdhilên sikile utawa tangane, nanging wong Inggris sing gêdhe dhuwur, aja pisan-pisan nganti kopatèni. Kowe kabèh apa padha ngrêti.

Sadaya amangsuli: Sampun, tuwan.

Sopêlin: Wêruha, wong Inggris iki rosa bangêt, kiraku nganti wong papat utawa lima sing bisa ngêndhakake dhèwèke mau.

Salajêngipun kèndêl sakêdhap, ing wusana Sopêlin anglajêngakên wicantênipun makatên: Yèn para golongan sêtya raja mau durung karo panuntune, kowe awèha wêruh marang kônca-kancamu, lan kowe kabèh banjur padha andhêlika ing saburining karang-karang ing sakubênge gubug kono, ana ing kono padha ngêntènana têkane si dhuwur bôngsa Inggris. Nèk Si Inggris kiyi wis gênah lumêbu ing gubug kono, kowe kabèh banjur padha nêmpuha barêng-barêng. Nanging kudu tansah ngèlingana, tumindakmu ati-atinên bangêt, pêpindhane kayadene luwak kang arêp nyolong pitik. Amarga saupama ana unining pistul utawa bêdhil, utawa suwara jêlih-jêlih lan sapadhane, iku bisa anjalari si dhuwur banjur ora mênyang gubug kono. Ing môngka karêpku, ing bêngi iki uga Si Inggris dhuwur iku bisa kacêkêl.

Wangsulanipun: Sandika. Sadaya dhawuh panjênêngan badhe katindakakên kanthi tumêmên.

Sopêlin: Wis, saiki tumuli padha mangkata kanthi kang ngati-ati bangêt, aku nêdya tut buri lakumu. Badhe kasambêtan.

--- 77 ---

No. 20, Taun VIII.

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI BU-MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CÈNTRUM

RÊGANE SATAUN f 1.50, KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

MANGSULI LAYANG

Srikunmaryati Bojonêgoro, Bandiyah Paree, Sukatman Kras, Sri Mastuti Surakarta, Sumarsih Kêbumèn. Suyati Grati Pasuruan, Sutrisno Pêkalongan, Rubigdo Malang, Sridaliyah Kêdungwuni, Suwarti Kasêgêran, S. Daiman Bêgalon Surakarta, Mulyati Genteng (Banyuwangi), Sri Mandiki Surakarta, K.S. Penjol, Suparjo Têgal. Batanganmu cangkriman bênêr kabèh. Mula 1248 kêliru pangêcape, mêsthine kudu 1348. Aja pisan dadi atimu, layang-layang iki takwangsuli dadi siji, awit akèh bangêt layang-layang sing isih kudu dakwangsuli. Kiriman karangan lêlucon utawa cangkriman utawa dêdongengan, wis daktampa kanthi bungah.

Sutarsih Purbolinggo lan Armini Tayu. Layangmu anêpungake wis daktampa kanthi sênênging atiku. Sumarsih, muga-muga kowe bisa munggah nyang klas 7. Gang Budding iku kira-kira rong pal dohe saka Gang Bungur Jawa.

Suryadi lan Surtiyah Gunung Wungkal Taju. Suryadi, andadèkake bungahku kowe mêrlokake ngirimi layang anêpungake nyang Bu Mar. Surtiyah, yèn kancamu arêp nglayangi aku, ya sukur bangêt, dakarêp-arêp. R.A. Suwarsi iku Bok Petruk, dalême nunggal karo aku. Dene Petruk iku mula kangmasku.

Isindinah Surakarta. Layangmu isi wangsalan wis daktampa, bangêt panrimaku. Wiwit saiki sing ngati-ati anggonmu nulis adrès. Sabêne sanajana mung Batavia-C. bae, kok têkan.

Subagyo Pathi, Asminah Prabanan, Srihutani lan Subali Balikpapan, R.A. Siti Wahyunah Japara, Sanyoto Balapulang, Muh Sugih Pathi, Niek Pekalongan, Susmiyati Purwokêrto, Kus lan Sup Pulung, Ponorogo. Bangêt andadèkake sênênging atiku kowe padha mêrlokake ngirimi layang têtêpungan nyang Bu Mar. Karangan-karangan wis daktampa kanthi bungah. Bocah sing ngirimi gruten nyang Oom sarta tante Petruk, wis dakaturake, padha ngandika bangêt panrimane.

Tuti lan Srinarti Purwokêrto. Sênêngku tanpa upama barêng tampa layangmu. Sri, yèn kowe arêp milu ngisèni T.B. ya kêna. Tênan lo Tuti, ibumu kirimana potrèt, aja mung janji bae. Kowe Sri, takon apa Bu Mar wus tau tindak Purwokêrto, ya wis sêring bangêt. Malah nyang Grujugan Rempoah aku ya wis tau, mlaku lo Sri, kaya kowe kabèh. Tuti, nyang Kalibacin aku ya wis tau, malah wis tau adus ing kono barang. Salame Indinah wis daktampa kanthi sênêng.

Sudarto Baturadèn Purwokêrto. Barêng iki aku awèh wêruh yèn ora salah D.V.G. Bandhung wis ora golèk bocah wêton sêkolahan angka II. Pêrkara batangan cangkrimanmu Volksalmanak Jawa, aku ora wêruh apa-apa, bab iku tanggungane administratie.

Sri Wulan lan Sri Surartri Purwokêrto. Satêmêne prentbriefkaart sing saka Singapura iku dudu saka aku. Aku dhewe uga tampa, nanging ora ngêrti saka sapa, awit tèkêne ora cêtha. Apa iku dudu salah sawijine kancamu sing lunga nyang Singapura lan mendha-mendha dadi Bu Mar.

R.M. Surarkono Surakarta lan Supartono Purwokêrto. Wah wis sawatara lawas aku ora krungu kabarmu. Lêluconmu wis daktampa kanthi bungah. O, mêsakake têmên kowe, Surar, dadi êntas tiba saka sêpedha. Nanging rak ora tatu rêkasa ta? Sukur, yèn saiki wis rada waras. Sing ngati-ati bae, ya, yèn nênunggang nang dalan kang rame.

Handini Pacitan. Layangmu karo-karone wis daktampa, bangêt panrimaku.

R. Nurwandana Bantul, Ngayogya. Andadèkake sênêngku tampa layang pitêpungan sarta isi karangan lêlucon saka kowe. Kowe takon pira anakku. Wah pirang-pirang bangêt, nganti ora kêna dietung, wis gêdhe-gêdhe lan uga akèh sing isih cilik-cilik. Nanging ora padha nunggal saênggon, sumêbar ing ngêndi-êndi, kaya ta sabrang, Surabaya, Ngayogya, Surakarta, Madiun, Rêmbang lan liya-liyane. Salah siji uga ana sing nang Bantul, yaiku Nurwandana, saiki uga wis dadi anak kêponakan.

Sri Aminah Purworêjo lan Surti Sêmarang. Layangmu isi recept dhaharan wis daktampa kanthi bungah. Batangan cangkriman bênêr kabèh, Surti.

Doremi Batang, Supratirilah Tulungagung, M. Ouderous lan Markasim Batang. Bangêt bungahku kokirimi layang pitêpungan sarta isi cangkriman warna-warna.

Layang liya-liyane bakal takwangsuli Sêtu ngarêp.

Ibumu Mar.

--- 78 ---

GAGAK LAN MLIWIS

Ana gagak mêmitran karo mliwis. Anggone mêmitran wis sawatara lawas kanthi rukun, ora tau cêla-cinêla.

Nuju sawiji dina, mliwis tilik gagak, mitrane. Gagak bungah bangêt, dene mliwis mêrlokake tilik. Sawise bage-binage, banjur rêrêmbugan rupa-rupa, agawe sênênge sakarone. Ora suwe, mliwis calathu mangkene: "Gagak! Têkaku mrene iki, kêjaba tilik, iya ana pêrlune liya."

Gagak mangsuli: "Ana pêrlune apa? Coba kandhakna, bokmanawa aku bisa nulungi."

Mliwis: "Manawa lêga atimu lan kabênêr duwe, aku utangana dhuwit saringgit bae. Karo jarene dhuwit iku yèn diutangake bisa manak. Yèn nyata, ing têmbe rak bakal gawe kasugihanmu."

Gagak: "Iya bêcik, besuk yèn anake akèh, kowe dakwènèhi sêparo. Iki dhuwite, tampanana."

Mliwis sawise nampani dhuwit, banjur pamit. Lêt sawatara sasi, mliwis têka karo mènèhi kêthip siji.

Gagak calathu: "He, dhuwit apa iki. Apa utangmu saringgit kae mung kobayar sakêthip?"

Mliwis mangsuli: "Ora, ringgitmu biyèn manak. Iki anake dakêtêrake mrene. Dene êmboke isih ana ing kana."

Gagak: "O, ngono! Bangêt panarimaku mliwis."

Mliwis nuli mulih. Liya sasi mliwis têka manèh. Gagak barêng wêruh yèn mliwis têka, enggal anggone mêthukake, karo kêsusu takon mangkene: "Apa ringgitku uwis manak manèh. Êndi anake?"

Mliwis mangsuli: "Pancène wis wayahe manak manèh. Nanging rèhning ringgitmu wis mèh sêsasi iki lara, mulane ora bisa manak. Manawa lêga atimu, aku utangana sasuku bae. Prêlune kanggo nambakake ringgitmu, sabab yèn kêbanjur mati, eman-eman."

Gagak: "Iya bêcik, anggêr anggonmu ngopèni tumêmên. Supaya enggal mari."

Mliwis mulih kanthi bungah, sabab entuk dhuwit sasuku. Ora antara lawas, mliwis têka manèh. Kandha yèn ringgit sing lara wis mèh mari. Supaya enggal mari, kudu ditukokake tamba manèh. Mulane mliwis njawab utang dhuwit manèh, pêrlu kanggo tuku tamba. Rèhning gagak mau dhasar bodho, mulane sapanjaluke mliwis dituruti bae. Mliwis mulih karo anggawa dhuwit satali. Nganti sawatara lawas mliwis ora ana mara, gagak bangêt anggone ngarêp-arêp. Barêng mara, digawe sajak kaya wong susah, karo nangis prêmbèh-prêmbèh. Calathune: "Dhuh gagak mitraku. Kapriye aku iki. Sapa sing bakal nulungi."

Gagak mangsuli: "Ana apa, mliwis, apa anak bojomu padha lara?"

Mliwis: "Ora, gagak, ringgitmu dhèk mau esuk mati. Saiki wis dakpêndhêm. Aku wêdi yèn kosrêngêni."

Gagak: "Apa iya! Ringgit bisa mati. Ora ngandêl."

Mliwis: "Yèn ana ringgit bisa lara lan bisa manak, mêsthi ana ringgit bisa mati."

Gagak rumasa kalah gunême, mulane mênêng bae. Dene mliwis banjur mulih.

Buntarta, Sêmarang.

LÊLUCON

Guru: "Ti, Amerika karo lintang adoh êndi?"

Marti: "Têmtunipun têbih Amerika."

Guru: "Ngêrtimu yèn adoh Amerika tandhane apa?"

Marti: "Tandhanipun Amerika botên kêtingal saking ngriki, dene lintang rak katingal."

S. Har, Surakarta.

Guru: "Ngaranana siji-sijine suwaraning kewan. Kowe, Dirun!"

Dirun: "Sawung kluruk."

Guru: "Bênêr, manèh kowe Siman."

Siman: "Kapal mbêngingèh."

Guru: "Bênêr, saiki kowe, Sêbul."

Sêbul: "Tikus singsot."

Siswomartono, Purwokêrto.

PITUTUR BÊNÊR

'- "Aku iki bisane kinasih karo bêndara kudu piye?"

'+ "Kudu ngêrti tatakrama."

'- "Aku warahana tatakrama, kang, yèn ndara lagi dhahar, aku kudu piye?"

'+ "Kudu ngingêtake puluke, yèn wis diêmplok, kowe ya mangapa têrus ngulu idu, clêguk."

'- "La, yèn wis bar dhahar?"

'+ "Kowe kudu korèt-korèt."

'- "Yèn bêndara mapan sare?"

'+ "Kowe thakur-thakura lêmah têrus nggloso mapan turu."

'- "We-la apa niyate dipadhakake asu, apa piye."

Cakil.

BATANGAN CANGKRIMAN SING KATULIS ING KEJAWEN No. 33.

I

Jênênge manuk wulung.

Cara mlayune êlang.

Disalini i dadi ilang.

II

Aksara - - - 1 - 2 - 3 - 7 - 8 - = Ngaya.

Aksara - - 1 - 2 - 5 - 7 - 8 - 9 - = Ngoyak.

Aksara - - - - 4 - 5 - 6 - 8 - = Yoga.

Aksara - - - - 1 - 3 - 4 - 8 - = Naya.

Aksara - - - 9 - 10 - 11 - 12 - 13 - = Karta.

Aksara - 7 - 8 - 9 - 10 - 12 - 11 - 13 - = Yakatra.

Aksara - - - - 10 - 11 - 12 - 13 - = Arta.

Dadi jênênge kutha: Ngayogyakarta. Sing bisa ambatang: Sri Kunmaryati, Bandiyah, Sukatman, Sri Mastuti, Sunarsih, Suyati Grati, Sutrisno, Rubigdo, Sri Daliyah, Suwarti, S. Daiman, Mulyati, Sri Mandiki, K.S. Penjol, Suparjo. Surti Sêmarang.

--- 79 ---

TUNGGAL BAPA BIYUNG.

[Grafik]

Ing dhuwur iki gambare bocah sasêdulur tunggal bapa biyung cacahe 15, anake wong ing desa Callander, Canada, nagara Amerika. Dêlêngên, bocah-bocah mau lagui dikon ngadêg jèjèr urmat marang bapa biyunge.

CARITANE KANCIL

(Candhake)

Baya: "Aha, Raja Kancil! Yèn kowe nulungi aku, bakal dakaku sêdulur ing donya acherat."

Kancil: "Apa kandhamu iku kêna tak pitaya?"

Baya: "Yèn aku goroh, aja pinaringana slamêt lan aku nyuwun, supaya aja diparingi umur dawa."

Kancil: "Sabab kowe wis wani supata, aku arêp tulung kowe, yaiku mangkene: "Yèn mêngko banyune rob, kowe mlakua mundur karo nahan ambêkan."

Ora antara suwe kaline rob, lan baya kasilêm ing jêro banyu. Enggal-enggal baya nurut prentahe kancil, mlaku mundur sarta nahan ambêkan. Dumadakan baya banjur bisa uwal saka wit cangkring.

Ananging sawise baya mau bisa uwal saka kasangsaran, dhèwèke ora rumasa yèn ditulungi dening si kancil, malah pangrasane sabab saka akal budine dhewe, awit kancil ora milu ngrewangi. Mula rumasa ora kapotangan kabêcikan, banjur ora niyat malês si kancil, mung arêp sujud ping têlu kanggo nandhakake kaurmatane nyang si kancil.

Kancil gêla atine dene baya ora ngrêgani mênyang pitulungane, apa manèh barêng baya kandha, yèn ora pisan-pisan arêp malês apa-apa, ngêmungake mènèhi hurmat nganggo sujud kaping têlu ing ngarêpe si kancil. Baya nyêdhaki nubruk si kancil, ananging si kancil enggal mlumpat mènèk wit-witan. Baya nuli pitakon: "Genea kowe mlayu?"

Si kancil mangsuli: "Yèn kowe arêp nandhakake kaurmatanmu, sujud kaping têlu, bêcik aku ana ing dhuwur, lan yèn kowe arêp nyêmbah nyang aku, bêcik saka kadohan bae. Sabab yèn kowe cêdhak-cêdhak aku, bisa uga didukani Kangjêng Nabi Suleman."

Baya banjur ngandhani, supaya kancil aja cilik ing ati sarta aja kuwatir, sabab mung arêp ngurmati bae, mulane njaluk supaya kancil mundhun saka wit-witan. Kancil nuli nurut apa panjaluke baya, banjur mudhun, barêng têkan ngisor, kancil calathu: "Aku wis ngêrti karêpmu, nyatane kowe kêpengin mangan aku, iya kêna bae, nanging aku njaluk pêrjanjian dhisik, yaiku kowe mêngkurêba malang ing têngah-têngahe kali, sabab aku arêp ngukur dawane awakmu, awit pangrasaku awakku luwih dawa tinimbang awakmu, dadi aku kuwatir saupama aku komangsa, mêngko andadèkake kacilakanmu dhewe."

Baya uga nurut kandhane kancil, mêngkurêb ing têngah-têngahe kali. Dawane awake lan buntute nganti luwih ing pinggir kali. Kancil banjur enggal-enggal munggah ing gêgêre baya sarta ethok-ethok mlaku ngukur karo ngetung dawane awake baya.

Nalika kancil anggone mlaku têkan buntut kang cêdhak pinggiring kali, banjur mlumpat ing dharatan sarta calathu mangkene: "He baya, saiki kowe kêna nyêkêl aku, aku iki ora wêdi karo kowe, ayo mrenea, dakêntèni ing kene, yèn kowe isih murka kêpengin aku."

Baya krungu calathune kancil kaya mêngkono, bangêt larane atine. Ana candhake.

--- 80 ---

SÊDULUR AKON-AKON.

(Candhake)

Bok Mangun iku sawijining wong wadon kang sêtya sarta alus budine. Sabên dina tanpa kêndhat anggone mikir-mikir kapriye bisane sing lanang bali dadi wong bêcik manèh. Sawijining dina Bok Mangun nêmu akal kang prayoga, nêdya nulungi ipene. Kabênêran ing kampung kono, ana sawijining wong tuwa duwe asu sing kurang cukup pangrumate, nganti kuru bangêt awake. Bok Mangun tuku asu iku lan sawijining sore dhèwèke kongkonan wong supaya asu iku dipatèni. Sawise asu mau mati, Bok Mangun akon bature supaya diênggoni kopyah lan klambi banjur didokok ing ngarêp lawang buri. Lan uga kabèh bature diwanti-wanti, ora kêna ambukakake lawang ngarêp, manawa Mangun bêngi-bêngi bali karo gloyoran.

Kacarita Mangun baline nyang omahe wis wayah bêngi kira-kira jam têlu. Nalika samono panuju tanggal tuwa, dadi ing wayah iku langite pêtêng bangêt, mangka ing dalan-dalan sajabaning kutha ora ana diyane. Mangun lakune gloyoran, nalika têkan ngarêp lawang, lawange wis dikancing. Sawise dhèwèke thothok-thothok kaping-kaping, ora ana wong sing ambukakake. Mulane banjur mlaku nuju lawang buri.

Barêng Mangun têkan ing ngarêp lawang buri, kagèt, awit sikile kêsandhung, rasane kaya nyandhung wong kang lagi turu. Nalika Mangun arêp anggugah wong iku, karo tangane gagap-gagap, ora nyana bangêt yèn awake wong mau gupak gêtih. Mangun krasa tangane kêna gêtih, mêndême banjur dadi ilang sêparo, saking kagète sarta enggal-enggal thothok-thothok, njaluk diwêngani lawang. Nalika lawange diêngakake dening bojone, Mangun banjur ambêngok: Astagafirulahharalim. Aku wis suwe anggonku thothok-thothok lawang ngarêp, nanging ora ana wong tangi, aku banjur nyang lawang buri, ora ngira bangêt, kok ana wong ngglethak ing ngarêp lawang kene, mangka adus gêtih, ora kêwêruhan sapa sing matèni, utawa bisa uga ana wong sing arêp nganiaya kowe lan aku."

Bojone mangsuli: "Yèn ana pêrkara kaya ngono, iku kudu enggal-enggal dipriksa, yèn ora, aku kuwatir, yèn ana wong wêruh mêsthi pêrkara iki dadi kêbanjur-banjur. Sabab iku barang wadi, batur-batur ora kêna diwènèhi wêruh. Ananging kanggo ngêlih wong iku kudu wong loro. Yèn Kang Mangun dhewe, takkira ya ora bisa."

Mangun krungu kandhane bojone, dhèwèke ora ngluputake sarta banjur kèlingan sêdulure akon-akon, Sastra lan Parta. Bokmanawa padha gêlêm tulung, awit saiki Mangun lagi ana sajrone kasusahan. Apa manèh sabab Sastra lan Parta wis sok janji, sanajana jêro gêni utawa banyu utawa alas grêng ora bakal nampik têtulung Mangun.

VI. SÊDULUR TÊMÊNAN DADI BÊCIK MANÈH KAYA MAUNE.

Sanalika iku Mangun mlayu nyang omahe Sastra. Sastra nêmbe bae mapan turu. Barêng krungu pangundange Mangun, banjur ngira yèn têkane mau arêp ngajak plêsir manèh, mulane enggal-enggal mbukak lawang karo calathu: "Kang Mangun, ayo padha minum manèh, sanajan arak turahan mau, ora dadi apa, awit yèn kurang ya gampang anjupuk nyang toko manèh, aku ya gêlêm kokongkon njupuk."

Mangun mangsuli: "Ora arêp minum mangkono! Aku pêrlu awèh wêruh: Mau, nalika aku bali, ing ngarêp lawang buri ana uwong kang adus gêtih, rupa-rupane kaya wis mati. Aku njaluk tulung marang kowe, ngêlih wong iku lan sadurunge wayah esuk sabisa-bisa wis dipêndhêm, supaya ora kawêruhan pulisi.

Sastra nuli mangsuli: "O, kakang, wiwit cilik aku duwe lara kagetan lan gêmêtêran. Saiki aku krungu mêngkono, laraku dadi kambuh." Sawise Sastra calathu mangkono nuli enggal-enggal mlêbu. Mangun banjur ngêrti, yèn Sastra sênênge bêbarêngan karo Mangun mung yèn sênêng-sênêng bae, nanging yèn Mangun nêmu susah, ya ora gêlêm milu ngrasakake. Nalika iku Mangun arêp enggal mulih bae, nanging banjur kèlingan Parta, bokmanawa ora bakal nampik panjaluke dhèwèke. Saka ngomahe Sastra têrus enggal-enggal anjujug omahe Parta. Ananging andadèkake cuwaning atine Si Mangun, barêng krungu wangsulane Parta mangkene: "Aja pisan dadi atimu, Kang Mangun, aku ora bisa nuruti panjalukmu, awit bangkekanku iki lagi lara, ora bisa mlaku adoh sarta ora bisa njunjung barang kang abot." Mangun ngunjal napas karo ing batine calathu mangkene: "Sêdulurku angkat dadi ora ana sing kêna diêndêl. Saiki kêpriye, yèn aku bali dhewekan, bojoku mêsthi bakal takon, genea sêdulurku angkat ora ana sing gêlêm milu bêbarêngan. O, aku mula kliru panêmuku, wong loro iku bêcike karo aku yèn arêp entuk."

Wis sawatara suwe Bok Mangun anggone ngêntèni têkane sing lanang, nanging durung bali-bali. Barêng sêtêngah lima, Mangun têka tanpa anggawa kanca. Bojone banjur takon: "Sabab apa kok Sastra utawa Parta ora milu mrene?"

Sing lanang mangsuli: "Wong loro iku ora padha bisa têka, sabab awake lagi ora kêpenak. Kapriye saiki akale, wong wadon, wis mèh wayah esuk, yèn nganti kawêruhan pulisi, aku lan kowe mêsthi bakal kêluputan gêdhe, awit ora ana sêksine." (Ana candhake.)

--- [0] ---

Babaran Enggal

Panji Narawôngsa

Têtêdhakan saking buku sêrat tangan ingkang sumimpên wontên ing gêdhong musium Batawi.

Cêkakaning cariyos:

Samurcanipun Dèwi Côndrakirana, ing Jênggala wontên tiyang èstri dhatêng, ngakên Dèwi Côndrakirana. Warninipun awon, awit kenging sêsikuning dewa. Radèn Panji katingal wêlas dhatêng Côndrakirana tiron wau. Sang prabu ugi sakalangkung bingah, dene ingkang putra Radèn Panji têtêp trêsna dhatêng Dèwi Sêkartaji, sanajan warnipunwarninipun. malih awon. Saking karsanipun sang prabu, panggihipun ingkang putra wau badhe dipun wiwaha malih agêng-agêngan. Ki patih kadhawuhan mirantos.

Kocap Dèwi Côndrakirana ingkang murca saking kadhaton, awit saking karsaning dewa badhe kangge lampahan. Samangke wontên ing wana nandhang sungkawa. Hyang Narada tumurun. Dèwi Côndrakirana dipun dadosakên jalêr, nama Kudanarawôngsa. Sarta dipun jatèni bilih ing Jênggala wontên tiyang èstri ingkang ngakên-akên Côndrakirana. Kudanarawôngsa dipun dhawuhi suwatasuwita. dhatêng Jênggala, bidhal, katampi pangawulanipun. Badhe kadadosakên patah.

Sang Panji sakalangkung asih dhatêng Narawôngsa, malah ingangkên kadang. Kudanarawôngsa tansah anacad dhatêng CèwiDèwi. Côndrakirana tiron. Ewadene Sang Panji mêksa taksih asih kemawon dhatêng Sêkartaji tiron, ngantos kalampahan dipun dhaupakên malih. Kudanarawôngsa saya sangêt anggènipun mêmoyok. Lami-lami Kudanarawôngsa badhe kêwiyak wêwadosipun, yèn sajatosipun Dèwi Côndrakirana. Mila lajêng nglugas raga badhe kondur dhatêng Kadhiri. Mawi tilar sêrat dhatêng Radèn Panji. Radèn Panji sarêng maos sêratipun Dèwi Côndrakirana sajati, sakalangkung ngungun, lajêng dhawuh dhatêng kadean kapurih nyirnakakên Dèwi Côndrakirana tiron. Dèwi Côndrakirana tiron lajêng dipun sêndhal mayang dhatêng Bathari Durga, kawangsulakên dhatêng asalipun.

Radèn Panji oncat saking praja, nusup-nusup wana, pados margining pêjah, botên karsa nusul ingkang garwa dhatêng Kadhiri. Wontên ing wana Radèn Panji kêpapag banthèng agêng, lajêng dipun pêjahi. Banthèng babar dados tiyang, nama Kudabêbangah, anakipun Bagawan Sukarti. Radèn Panji sowan Bagawan Sukarti, dipun wulang sakathahing ngèlmu, sarta dipun dhawuhi namur kula, ngawula dhatêng ingkang paman ing Ngurawan, awit Sang Prabu Ngurawan samangke kadhatêngan mêngsah saking sabrang nama Kalanasewandana. Punika ingkang anjalari sagêd kapanggih malih kalihan Dèwi Côndrakirana. Radèn Panji mituhu, lajêng bidhal.

Kacariyos Dèwi Côndrakirana, sawêdalipun saking kêdhaton Jênggala badhe kondur dhatêng Kadhiri, wontên ing wana, kêpapag punggawa sabrang nama Tumênggung Sumbanggita. Sang dèwi dipun takèni ngakên nama: Citralangên, dipun boyong manut kemawon. Badhe dipun aturakên dhatêng Kalanasewandana.

Kacariyos sang prabu ing Ngurawan utusan kiyai patih pados sraya ingkang sagêd nyirnakakên mêngsah saking sabrang, ki patih lajêng bidhal. Wontên ing margi kêpanggih kalihan Ki Undhakan Madurêtna (Radèn Panji), dipun sraya sagah, lajêng dipun aturakên dhatêng sang prabu. Sang prabu sakalangkung bingah, Madurêtna dipun paringi nama Tumênggung Cakranagara. Sarta dipun dadosakên senapati. Wadya Ngurawan lajêng campuh kalihan wadya sabrang.

Ing wanci dalu, Tumênggung Cakranagara lumêbêt dhatêng pasanggrahan sabrang, badhe nguningani tata rakitipun, ing ngriku kêpanggih Dèwi Côndrakirana inggih Citralangên, lajêng dipun bêkta kondur. Klanasewandana sangêt dukanipun, mangsah prang, wusana nêmahi tiwas. Wadya sabrang sakantunipun ingkang pêjah sami wangsul dhatêng nagarinipun.

Sang Prabu Ngurawan sakalangkung suka ing galih. Mêngsahipun sirna tur sagêd kapanggih putra. Radèn Panji sakalihan garwa lajêng kondur dhatêng Jênggala.

Sami-sami cariyos Panji mawi sêkar, Sêrat Panji Narawôngsa punika kalêbêt ingkang nêngsêmakên piyambak. Rêginipun namung f 0.70

Wêdalan-Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm.

--- [0] ---

Langêndriya

Sêrat Langêndriya punika ingkang sampun mêdal wontên: 6 jilid, inggih punika lampahan:

1. Jumênêngipun Dèwi Kancanawungu.@2. Pêjahipun Rônggalawe.@3. Gunjaran (Radèn Watangan lan Radèn Buntaran katawan ing mêngsah).@4. Pêjahipun Menak Jingga.@5. Damarwulan jumênêng nata.@7.6. Panji Wulung dhatêng Majapait.

Jilid 6, babonipun sampun kalaksanan angsal. Sawulan kalih wulan malih mêdal. Ingkang sampun kalajêng mundhut jilid sanèsipun, botên kalajêng-lajêng cuwanipun. Ingkang dèrèng têmtu lajêng katarik panggalihipun.

Lampahan Langêndriya punika sabên têlas salampahan, golèk mêdal, sindhènipun ambak-ambing ragi kenging dipun raosakên.

Pakêm padhalangan ringgit krucil, cariyos lampahanipun: Radèn Damarwulan. Babon saking Ngayogyakarta, anggitan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkubumi.

Gêndhing ayak-ayakan, suwuk, lagon, kinanthi jôngga, kêndhangan côndra, golèk anjogèd anggrudha mawi ura-ura Kinanthi:

kanthi-kanthining pangidung / ngudang dadining pudyadi / prawèndyaning langêndriya / wandaya wêwêding èdi / wit karsa Jêng Gusti Pangran / Adipati Mangkubumi //

Litnan kolnèl jidan gupnur / pan sêtaph èstuning puji / mring raka jêng sri narendra / kluhuran yogya lêstari / sagarwa putra santana / têkan liyaning sanagri //

Ngayugyakarta kadhatun / pra andêl nayaka wrêsni / sumrambaha kasênêngan / wadyaning nata gêng alit / mituhuning kasadarman / darma amonging dumadi //

jêr pangudining pangidung / ngêngudang dadining pamrih / tan lyan mrih arjaning lampah / kudu waspadèng pra widi / aninggahi kawadakan / ngudi dadining utami //

krana sutamèng tumuwuh / mêmanuh langgêngi tokid / anir deya dèn kawangwang / wanguning kaanan jati / lir warna sajroning kaca / manjing ingkang aningali //

dhawah mas ginonjing, golèk anjogèd, nyambêr lajêng nglana. Rêp. Ura-ura malih, gêndhing Sinom Grandhèl:

kakang Gambyong prayoganya / aja katungkul ing kapti / luwih bêcik angupaya / pangrêti praboting urip / apa kang sira pilih / gramèn myang ngabdi pyayi gung / (Gambyong): raning bandhul baita / kayu gung rineka jalmi / karbèn apa nganggo golèk kang kangelan //

(Golèk): kakang Gambyong aja wangkal / kudu ora anglakoni / jêr iku wus ingran lumrah / panguripan dèn ulati / tan kêna anyinggahi / luwih luput yèn katungkul / (Gambyong): babo gèr pagêr wayang / lamun ta bodho lir mami / apa dadak banjur nora kêdadean //

(Golèk): kakang Gambyong kayaparan / durung ngrêti wis madoni / gonmu urip iku apa / ora lawan nyandhang bukti / yêkti iku tan prapti / kalamun ora linuru / (Gambyong): mas mirah kothak jêpan / kapithing kang sabèng sabin / apa dadi wong ayu pêpasthèn ilang //

(Golèk): kakang Gambyong bênêr sira / mula nyata nganggo pasthi / nging tan tinggal pangupaya / jêr witing ana pinurih / ana dadi kinardi / rasakna iki ujarku / (Gambyong): walang ijo larira / rak arèndèn imbuh lami / êmbuh-êmbuh kudu sun sukak gambyongan //

(Golèk): kakang Gambyong lamun sira / tan mituhu ujar mami / luwih bêcik pêpisahan / tanpa gawe sun ladèni / kêrêp ngudur sayêkti / wit wus sulayèng panêmu / (Gambyong): mas mirah sêmut abang / raning jendraling wong Ngarbi / aku gêmang yèn pisah kalawan sira //

Jogèd macak, suwuk, prêpêkan. Golèk ical, suwuk, bibaran.

Kajawi punika, Sêrat Langêndriya samangke kamirahakên. Rumiyin f 1.- utawi f 0,80 sajilidipun, samangke racak namung rêgi a f 0,30.