Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08, #1666

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1937, #1666
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1496.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1497.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1498.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1499.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1500.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1501.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1502.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1503.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1504.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1505.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1506.

Ôngka 62, Rê Lê, 27 Jumadilawal, Ehe 1868, 4 Agustus 1937, Taun XII

Kajawèn

[Iklan]

--- [961] ---

Ôngka 62, Rê Lê, 27 Jumadilawal, Ehe 1868, 4 Agustus 1937, Taun XII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining Kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pura ing Karangasêm - Pambêkan Luhur - Rêdi Crême - Patilasan: Rêdi Gambar ing Ngawèn - Kawontênan ing Tiongkok - Bab Lampahipun Kolonis dhatêng Tanah Sabrang - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Pura ing Karangasêm

[Grafik]

Pura Anak Agung ing Karangasêm ingkang ing ngandhap wontên balumbang punapadene patamananipun ingkang sarwa asri.

--- 962 ---

Raos Jawi

Pambêkan Luhur

[Sinom]

Nahên ta kang rinumpaka / duk jamane narapati / Wibisana ing Singgêla / binathara nyakrawati / sabarang rèh mumpuni / paramarta budya tulus / mêmayu ayuning rat / linulutan para dasih / dhasar lêbda kridhaning asmaralaya //

marma mangkya rinumpaka / dimène dadya palupi / mring sing sapa kang sumêdya / ngarah kamulyane urip / uripe donya ngakir / jêr palupi iku prêlu / eman yèn tininggala / karana têpa palupi / dadya kanthi tumrap sagunging pratingkah //

sanadyana adarbea / ngilmu luhur dakik-dakik / lamun tanpa têtuladan / lêlakone pra winasis / kang nyata mikolohi /mikolèhi. adhêdhasar budya tulus / ngilmune ilang muspra / jêr tindak utama sêpi / lir bêbasan wastra lungsêd ing sampiran //

yèn tan sudi têtuladan / lêlakone pra linuwih / kang asmane wis kasusra / harak bakal nêniwasi / sêdyane tanpa dadi / mung nuruti ardèng kalbu / rumasa wus widagda / nganggo karsane pribadi / ngorakake têpa palupi kang nyata //

kawuwusa duk samana / sri narendra nguningani / yèn wus pêrak mangsanira / kondur marang ngalam gaib / tandhane mêlok kèksi / gya nimbali narpasunu / Dyan Arya Bisawarna / sri narendra ngandika ris / hèh ta kulup sun jarwani piyarsakna //

wus karsane Hyang Suksmana / sira pisah lawan mami / karana wus praptèng môngsa / ing janji kang wus pinasthi / tan kêna dèn selaki / kulup ingsun arsa kondur / mring ngalam kalanggênan / marmane samêngko kaki / tampanana prajanira ing Singgêla //

sira kulup umadêga / narendra gung ambawani / mêngku praja ing Singgêla / ananging ta wêkas mami / ywa tinggal ngati-ati / boya gampang madêg ratu / ywa tinggal paugêran / ugêre sri narapati / iya iku pambêkan wolung prakara //

uga aran asthabrata / sapisan ambêking bumi / lire tansah adêdana / mawèh sukaning dumadi / wujude dana kaki / samubarang kang tumuwuh / ana ing angganira / suka lila yèn dèn ambil / mring sok wonga kang prêlu andarbènana //

aywa manèh têtuwuhan / yèn tan lila dèn ambili / sanadyana angganira / dhinudhukan tan saksêrik / mandar yèn ambênêri / nyimpên rajabrana agung / pêlikan warna-warna / suka lila trusing ati / sinungake para janma kang uninga //

kapindho ambêking tirta / lire tansah angenaki / mawèh suka para janma / tan rêngat tan gung lumintir / cinawuk wali-wali / tan kaèksi longing ranu / sakala paripurna / kadya dene tan ingambil / yèn pinêrang wanti-wanti tan katara //

dadya dènnya ada-ada / ngenaki tan kêdhah-kêdhih / wus tan nganggo ringa-ringa / barès kurès trusing ati / pawèhe tan pinikir / masaborong kang anjupuk / ngêgungake apura / adil paramartèng dasih / amêmayu sèsining rat pinrih suka //

kaping tri ambêking brama / amisesa ing sakalir / ambabadi rêrungkudan / sirnane pinangan agni / rêrêgêd donya ênting / kang malang-malang pinutung / rawe-rawe rinantas / ambrastha sagunging sisip / nyirnakake mêmala druhakèng jagad //

amadhangi

--- 963 ---

kapêtêngan / yèn kelangan tan rudatin / tan kêmba kinarya gêla / tan êsak kinarya sêrik / tumindak sarèh wêgig / tindak sêrêng uga baut / gumantung ing kaanan / sarèh sêrênging pakarti / karo pisan tanduke tan kawistara //

ping catur ambêg maruta / sabarang rèh kanthi titi / ngati-ati ngarah-arah / bangkit nuksma agal rêmpit / gunane miyatani / datan pêgat alêlaku / pamrihe tanpa cihna / yèn tinulak boya sêrik / yèn katarik tan pisan êsak tyasira //

ping lima ambêking suryya / ing pangarah lèrèh lirih / ing karsa tan daya-daya / saniskara kang ingungkih / sinangkan sing sathithik / kang satêmah bangkit nyakup / tandange tan rêkasa / sarwa sarèh ngirih-irih / kang kadayan mituhu rèh tan rêkasa //

ping nêm ambêging rêmbulan / sumèh ing netya mranani / mawèh sêngsêm kang umiyat / jatmika alusing budi / nuraga amèt asih / nawurake kang raras rum / sumrambah sèsining rat / kapanduk gandane sari / sêgêr sumyah manjing saranduning angga //

kapitu ambêging lintang / santosa pêngkuh ing budi / datan lèrès ing ubaya / lêlemeran datan sudi / pitaya trusing ati / saguh wutuh tanpa kewuh / tan nganggo samudana / lire samudana lamis / rewa-rewa saujare ginugua //

ping wolu ambêking ima / adile tanpa sêsiring / ngêmpakake wêsiasat / danane yèn ambênêri / udan drês maratani / wèh sêgêre tanêm tuwuh / dene kang wêsiasat / swarèng guntur anggêtêri / banjir bandhang anjalari karusakan //

ala bêcik kinawruhan / gêbyaring kilat myang thathit / kang minôngka niti priksa / dènnya arsa angadili / kang bênêr anampani / ganjaran kang wis tinamtu / kang ala pinidana / samurwate laku sisip / wus palastha warsitane sri narendra //

wasita di kasbut ngarsa / kagêm para narapati / nanging nadyan mangkonoa / yèn ginagas lan tyas suci / kalawan pikir wêning / sok janmaa kang mrih ayu / rahayu mêngku wisma / garwa putra sanak batih / sumarambah srawungan sapadha-padha //

lamun kanthi têtuladan / sanadyan saka sathithik / harak iya wus lumayan / sêmbadane kang kinapti / satêmah anjalari / suka bungah kang winêngku / sukane mêngku trêsna / saka lair kandhas batin / yèn mangkono kêna ingaranan bêgja //

lamun para mêngku wisma / bangkit mêngku jroning panti / jroning wisma karaharjan / yèn para kang amêngkoni / utawa manggêdhèni / pagawean ambêg tulus / ngenaki tyase bawah / tumindake klawan ngadil / kadyadene palupi kajarwèng ngarsa //

wis tartamtu karaharjan / tata têntrêm jagad iki / datan ana pasulayan / sirna para laku juti / druhaka sirna gusis / miris wêdi budya tulus / o iya muga-muga / Hyang Suksmana ngijabahi / apuranta kula Ki Darmaprawira ///

Kêpanjèn - Malang

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 4082 dhoplang. Kirang f 0,50 tumrap Dec. '37.

Lêngganan nomêr 1146 ing Munthilan f 3.- sampun katampi, nuwun.

Lêngganan nomêr 2092 ing Palembang. Wisêl f 3,- punika tumrap pambayaran taun 1938.

--- 964 ---

Rêdi Crême

Ing wêkdal punika kawontênanipun Rêdi Crême sawêg dados rêraosanipun tiyang kathah, awit rêdi wau tansah ngêdalakên kukus kumêlun tuwin wontên tôndha-tandhanipun ingkang damêl kasamaran.

[Grafik]

Pucaking Rêdi Crême.

Mirid wontêning tôndha-tôndha ingkang kados makatên wau, Rêdi Crême punika satunggiling rêdi latu, anggèning dangu botên kocap, bokmanawi kêbêkta saking anggèning sampun dangu sirêpipun.

Dunungipun Rêdi Crême punika wontên ing paresidhenan Cirêbon, inggilipun wontên 3078 mètêr. Awak-awakaning rêdi kathah ingkang waradin pasitènipun, mila ing ngriku ingkang sisih lèr wontên kabudidayanipun, kados ta kabudidayan tèh ing Argalingga tuwin ing Padhacukup, kabudidayan kinah ing Sadharehe, tuwin kabudidayan karèt ing Teja. Dene ing gigiring rêdi ingkang kathah kêtuwuhan alang-alang. Ing pasitèn ingkang inggilipun dumugi 1250 mètêr taksih kathah padhusunanipun. Malah ing kinanipun, ing papan sanginggilipun punika taksih wontên dhusunipun, nanging dangu-dangu lajêng pindhah mangandhap, jalaran sami ngraos dipun cakêti ing bêbaya.

Marginipun dhatêng pucak, ingkang sakeca piyambak mêdal Argalingga utawi Apui, ugi wontên saking margi sanès, nanging ragi rêkaos. Dados margi wau manawi saking kidul mêdal Apui, manawi saking wetan mêdal Linggajati, manawi saking lèr mêdal Mandhirancang.

[Grafik]

Rêdi Crême katingal nuju ngêdalakên kukus.

Ing èrèng-èrènging rêdi wau sisih wetan ingkang inggilipun 2863 mètêr, wontên papanipun maluwa wiyaripun kintên-kintên wontên 100 mètêr pasagi, piandêlipun têtiyang, ing ngriku punika ing kinanipun [kinani...]

--- [965] ---

[...pun] tilas pagupakan warak. Ing papan ngriku wau lajêng dipun wastani Pangasinan, bokmanawi kapêndhêtakên saking solahing kewan ingkang sarana patrap nêdha siti, punika dipun wastani: ngasin, utawi masin. Ing sisih kidul wontên pasitèn ingkang karan: Gunungwangi, sawanganipun ing ngriku punika sakalangkung nêngsêmakên. Ing ngriku wontên pasareanipun ingkang bupati Majalêngka ing jaman kina. Ing sawetanipun dhusun Cibodhas, sampun nate dipun êbur kapadosan lisahipun pèt, nanging botên wontên wohipun, ing sapunika namung kantun patilasanipun kemawon.

Ing bab namaning Crême, punika ngawontênakên dêdongengan warni kalih, wontên ingkang kapiridakên saking namaning thuthulanthukulan (dan di tempat lain). ingkang pinanggih ing parêdèn ngriku ingkang nama cirêmai, bangsaning thuthulan wana.

Satunggalipun kapiridakên saking dêdongenganipun têtiyang sisih wetaning rêdi, inggih punika ing Linggajati tuwin Linggasana, mratelakakên bilih ing jaman kina, inggih punika jaman enggal-enggalanipun agami Islam, para wali ing tanah Jawi sami ngawontênakên musawaratan wontên ing rêdi wau, inggih musawaratan wau dipun wastani carêmipun, (carême) para wali.

Dados ing bab namaning rêdi mêndhêt saking wontênipun wit crême limrah punika, botên wontên èmpêripun, awit ing parêdèn ngriku botên wontên witipun crême.

Pinanggihipun wontên ing kapitadosan, rêdi Crême wau punika ugi kêgolong rêdi ingkang wingit, têtiyang ingkang minggah mriku anganggêp ngambah dhatêng papan ingkang suci. Punika sagêd ugi saking gêgayutan dêdongengan ing ngriku wontên patilasaning para wali, makatên ugi mirid wontênipun Kangjêng Sunan Gunungjati punika satunggiling wali misuwur ing Jawi Kilèn, mèmpêr saupami linuhurna dening têtiyang ing ngriku, ngantos nyarambahi dumugi papan patilasanipun.

[Iklan]

Mirid pèngêtan, rêdi Crême punika sampun nate anjêblug, inggih punika kala ing taun 1772 tuwin taun 1805. Kala panjêblugipun punika ing laladan ngriku tuwuh pagêblug sêsakit.

Miturut dêdongengan ing jaman kina wau, ngatingalakên ing bab wingitipun rêdi Crême. Nanging manawi mirid kawontênanipun ing sapunika, wontên titikipun bilih ing awak-awakaning rêdi wau malah kèbêkan papan asri ingkang dados tandhaning tata tuwin raharja. Mila bab kawontênanipun rêdi Crême, namung kandhêg samantên, tuwin dadosa tôndha kawilujêngan ing salajêngipun.

--- 966 ---

Cariyos Kina

Patilasan: Rêdi Gambar ing Ngawèn

Ing kapanewon Ngawèn, bawah kawadanan Wuryantara, Kabupatèn Wanagiri, siti kagungan dalêm Sampeyan Dalêm K.G.P.A.A. Mangkunagara, ingkang kaslêmpit ing Kabupatèn Gunungkidul, Ngayogyakarta, wontên papan ingkang mingklik-mingklik ing nginggiling parêdèn, karan rêdi Gambar. Ing ngriku kacariyos papan patilasan dalêm Kanjêng Gusti Mangkunagara I, kacariyos ugi patilasan dalêm Kangjêng Sunan Kalijaga.

Mênggah kawontênan saha dêdongenganipun ing ngriku, badhe kula cariyosakên urut kados ing ngandhap punika:

Siti kagungan dalêm ing Ngawèn punika, kacariyos wiwit kangjêng gusti kapisan taksih pangkat mantri bawah Kasunanan, paring dalêm Ingkang Sinuwun P.B. II. Ing sapunikanipun tanah Ngawèn punika sakapanewon, isi kawan kalurahan, ingkang jiwanipun 9320.

Karajaning kapanewon botên wontên ing dhusun Ngawèn, nanging wontên ing dhukuh Kampung, inggih punika manggèn tilas griya Sindêr Tom, jaman jumênêng dalêm ingkang kaping VI, ingkang misuwur ngatos-atos lan gêmi. Jalaran saking makatên, kêrêp kemawon wontên priyantun enggal lan rawuh ing ngriku kêsasar dumugi ing dhusun Ngawèn.

Saking krajan kapanewon wontên margi mangilèn urut pinggiring pêkên nurut dhusun ngantos mêdal saking dhusun Kampung. Sakilèn dhusun lajêng nglangkungi lèpèn, tuwin anglangkungi patêgalan ingkang umumipun ing ngriku mastani pabrik, kacariyos tilas pabrik tom, saking ngriku parêdèn lan papaning Rêdi Gambar sampun katingal cêtha.

Pratigan manêngên dumugi dhusun Candhi Kidul tumuntên Candhi Lèr, ngalèr sakêdhik menggok mangiwa, dhukuh Pagêrjurang. Nama Pagêrjurang punika cocog lan kawontênanipun, pagêring pakaranganipun sami jurang. Wiwit ing ngriku marginipun dhatêng Rêdi Gambar, minggahipun taksih lampahan watawis satêngah jam, tanpa nglangkungi dhusun, namung manawi sampun mèh dumugi kirang langkung kantun gangsal mênutan, nglangkungi trukan rêdi Gambar, papanipun sadhèrèk sami pados têmpilan dêgan kangge jampi ngêlak,- lajêng dumugi.

Sadumuginipun ngriku, ingkang kapanggih rumiyin tribinê (gubug munggul tratagan) papan kangge kêpangan wilujêngan nyadran, ugi sabên-sabên kagêm palênggahan dalêm Kangjêng Gusti manawi karsa pêpara, utawi priyantun sanèsipun malih. Anggubêt mangalèr nuntên mangilèn, saking ngriku minggah sakêdhik wontên guwa majêng ngalèr ngilèn, ngajênganipun papan padupan.

Saking iringing guwa sisih kidul, nrèthèk minggah dumugi pucak waradin sawatawis. Iring sisih lèr wetan wontên bêlikan sela padhas, ingkang kacariyos katiga rêndhêng isi toya (kapitadosan sawênèhing tiyang: toya janjam). Gampènging bêlikan wontên sêratan tatahan lêgok, sastra Arab: Allah. Sakilènipun punika wontên lêgokan jèjèr kalih.

--- 967 ---

Kêpering kilèn malih (dados sampun sisih lèr kilèn) wontên lêdhokan, cêkap tiyang sakawan utawi gangsal, yèn tiyang mapan mriku majêng mangalèr, sagêd sumêrêp tanah ngare ingkang bawera sangêt.

[Iklan]

Gêgandhengan kalihan cariyos punika, ing bawah kalurahan Bèji, wontên wana sakêdhik tutupan hak dhusun, ing ngriku lêrêsing namanipun: alas Adi, namung katêlahing tiyang mastani: alas Wanasadi. Ing ngriku marginipun malêbêt, saking dhusun minggah andêdêr, ngrêsêpakên paningal. Ing pungkasaning margi, dumugi tanah waradin ingkang têmtu kangge papan panyadranan kados ing rêdi Gambar, ing sabên taun.

Dongengan ingkang kula panggih.

Kacariyos kala jaman rumiyin wontên warôndha gêgriya kalihan anakipun wanci jêjaka kêkalih nama: Gadhingmas kalihan Ônggaloco. Padamêlanipun têtanèn sarwi babad-babad wana.

Ing sabên dintên, Gadhingmas saha Ônggaloco babad ing têgil pucaking rêdi cêlak kalihan guwa rêdi Gambar. Sabên-sabên kakintun ing biyungipun, manawi kèndêl nêdha lare kêkalih wontên ing sangajênging guwa, amargi ing ngriku papan ingkang ajêg eyub.

Dangu-dangu jaka kêkalih mêsakakên dhatêng biyungipun, wicantênipun: O, yung, kok rêkasa-rêkasa têmên. Wis ta, kakang karo aku karêbèn padha gênti-gêntèn anjupuk kiriman. Kowe ora susah rêkasa. Badhe kasambêtan.

Tiyang jiyarah, Aneoglap.

--- 968 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Tiongkok

Campuhing wadya Tiongkok tuwin wadya Jêpan katingal saya mêmpêng. Panêmpuhipun wadya Jêpan ing antawising Pèiping tuwin Tinsin sakalangkung rame, wadya Tiongkok dipun tindhihi dening Sèng Sè Sung, burgêmistêr ing Tinsin, wadyanipun sagêd ngurung wadya Jêpan, ingkang sami tumindak ing damêl andandosi kawat tilpun. Nanging Jêpan ugi prayitna, sarêng sumêrêp wadyanipun dipun kêpang ing mêngsah, lajêng nusuli bêbantu miyat kêpanganing mêngsah wau, salajêngipun dipun susuli wadya gêgana Jêpan ingkang lajêng andhawahi bom saking gêgana, kawusananipun wadya Tiongkok kêpêksa angunduri. Salajêngipun Jêpan gadhah panêdha supados wadya Tiongkok dipun undurakên saking Langpang dhatêng Kuwan, kaprênah sakilènipun lèpèn Yungting.

Ing ngriku wadya Tiongkok kêpêksa angunduri, saha sêtatsiun ing Langpang dhawah ing panguwaosipun Jêpan. Bab punika Tiongkok rumaos mêsgul ing manah, awit anggènipun wadya Tiongkok purun rêrêmpon nêmpuh mêngsah, jalaran saking dipun wiwiti, dipun lêpasi ing sanjata mêsin dening wadya Jêpan, jalaran wadya Jêpan wau dipun pênggak botên angsal mandhap saking sêpur ing Langpang. Wusana lajêng dados campuh sakalangkung rame, ingkang lajêng dipun santosani yêktos, kanthi ngawontênakên bêbantu Jêpan ingkang sakalangkung santosa.

Malah panêmpuhipun Jêpan ing Langpang wau ngantos adamêl karisakan agêng, sêtatsiun tuwin tangsi ing Langpang dipun dadosakên karang abang. Sarêng bab punika wontên sêrêgan saking pangagêng ing Tinsin, botên dipun tanggapi dening Jêpan. Nanging tindakipun Jêpan ingkang kados makatên wau malah saya damêl muntabing manahipun para upsir Tiongkok ingkang dipun pangagêngi dening Sung Se Yuwan.

Ing salajêngipun wontên dhawuh tatanan saking Sang Kaisèk, ingkang tumuju dhatêng Sung Se Yuwan, ing bab tata tumindaking pananggulang dhatêng panêmpuhipun Jêpan. Malah ugi lajêng ngawontênakên tatanan wadya anggêgana.

Tatanan ingkang kados makatên wau sampun anêtêpi bab caraning tumindak cekat-cèkêt ing samôngsa wontên damêl. Makatên ugi tumrap Jêpan, inggih lajêng ngêdêgakên kasantosaning pabarisanipun ing pundi-pundi. Ing môngsa paprangan punika, dhepartêmèn paprangan Jêpan nêtêpakên nyadhiyani waragad pêrang 100 yuta ponsêtèrling.

Sarêng bab paprangan punika sampun sumêbar wartosipun, ing pundi-pundi ugi lajêng nêtêpakên wontênipun paprangan. Saya malih manawi ngèngêti adrênging panêdhanipun Jêpan dhatêng unduring wadya Tiongkok, punika sampun cêtha sangêt, bilih ubaling latu paprangan badhe saya andados. Pandhêsêgipun rêmbag Jêpan dhatêng Tiongkok sampun botên kenging dipun pabêni malih, kêdah tumuntên kalampahan. Nanging Sung Cèh Yuwan taksih nyêmadosi, [nyêmado...]

--- 969 ---

[...si,] wusana Sung Cèh Yuwan têtêp angêmohi dhatêng panêdhanipun Jêpan.

Ing ngriku lajêng wontên campuhing golongan kalih wau wontên ing saêlèripun Pèiping, campuhipun sakalangkung rame. Wadya Tiongkok mèh tumpês sadaya dening panêmpuhing mêngsah saking gêgana.

[Iklan]

Ing ngriku panguwaosing Jendral Sung Cèh Yuwan saya agêng, dipun sukani panguwaos nindhihi wadya parentah pusêr ingkang wontên ing Hopèi. Supados manawi wontên panêmpuhing mêngsah saking sajawining praja sagêda nanggulangi kanthi kasantosan yêktos.

Ingar-ingêring ulah paprangan punika pancèn langkung gawat, nyatanipun sarêng Tiongkok botên mituruti panêdhanipun Jêpan, Jêpan lajêng ngewahi gêlaripun, sêrêngipun ingkang ing ngajêng nêdya nêmpuh, lajêng asrêp botên wontên sabawanipun malih. Môngka tumrap pangagêng ing Pèiping sampun ngawontênakên tatanan sarwa samapta, rakyat ing Pèiping sami kapurih têntrêm. Nanging sarêng wontên gêlar kados makatên, pangagêng ing Pèiping tuwin Tinsin malah saya agêng kasamaranipun, awit tamtu badhe wontên lêlampahan ngêgèt. Mila kori-kori ing kitha kapurih nutup sadaya.

Botên lidok, ing Tuwan Ho satunggiling kitha alit sacêlakipun Nan Yuwan, tuwuh paprangan sakalangkung rame. Makatên ugi ing Tèng Co ugi tuwuh paprangan.

Namung pinuji pasulayan punika sagêda rukun.

--- 970 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Bab Lampahipun Kaum Kolonis dhatêng Tanah Sabrang

III

Petruk : Wis, Kang Garèng, aja ngrêmbug sing ora karuwan mêngkono. Saiki aku tak ambanjurake caritaku ing bab lakune kaum kolonis. Sêpur sing kanggo ngusung kaum kolonis nyang Lubuklinggo kuwi sêpur èksêtrah, nèk cara Jawane sêpur mirungga, kang maligi mung ngangkatake wong kolonis.

Garèng : Wèh, hla kok kaya bêndara gêdhe bae, nganggo sêpur èksêtrah.

Petruk : Iki iya rupa panjaga, Kang Garèng. Pancène mono iya wis ana sambungane sêpur karo kapal, malah wêktune kurang luwih ana sêtêngah jam, nanging ing sarèhne cacahe kaum kolonis bôngsa patang atusan, tur isih nganggo ditata sing pating clêkuthik kaya sing wis tak kandhakake lagi anu kae, têmtune nèk mung ditemponi sêtêngah jam, bakal repot, Kang Garèng, mulane banjur dianakake sêpur èksêtrah, sing maligi mung kanggo kaum kolonis karo prayagung sing anjujugake, paduka tuwan kontrolir saka ing Batawi, cacahe rong blindhi, Kang Garèng. Dene kala samono sing mêthuk, sing tukang mrênah-mrênahake, sing anduduh-duduhake, cêkak aos, sing dadi tuwan rumah: paduka tuwan kontrolir ing Lubuklinggo. Dene mungguhing aku, dianggêp dhayoh, sarta diulêmi mèlu nunggang sêpur èksêtrah kono. Ing kala samono ing sêpur kono mung dianani rong klas, yaiku klas têlu, sing kanggo wong-wong kolonis, sarta klas liyane manèh, sing kanggo kangjêng tuwan-kangjêng tuwan têlu-têlune pisan, apadene tamune: Sang Arya... aku iki, yaiku ing klas... logê.

Garèng : Kok banjur ngumbul-umbulake awake dhewe mêngkono, rumasamu kuwi apa, hèh. Kajaba saka iku, sawêruhku ing sêpur kuwi klas-klase klas I, II, III lan IV, ana kok dikandhakake lungguh ing klas, logê, apa ana ing wayang wong, utawa klase: Mis Ribut.

Petruk : Aja kliru tômpa, Kang Garèng, anggonku nyêbutake awakku dhewe: Sang Arya, kuwi aku mung arêp ngajèni para kangjêng tuwan-kangjêng tuwan mau. Nèk aku mung nyêbut: si, bae, têmtune rak iya ora kêpenak, ingatase para kangjêng tuwan kathik sêsrawungan karo: si, iki nurunake drajate, Kang Garèng. Balik: Sang Arya, nèk karo bangsane kangjêng tuwan, kêna

--- 971 ---

diarani: tunggal pêthènthènge, mulane tumrape kangjêng tuwan, iya ora nurunake drajate, lan: Sang Arya, iya ora prêlu ngesat-ngesot, nanging bisa sakêpenake. Dene sing takarani klas: logê, kuwi luwih dhuwur katimbang klas II utawa klas I, awit anane klas sing kaya ngono kuwi, mung kalamôngsa bae. Mungguh wujude klas logê iki:... grobag barang, sing didèkèki meja pasagi siji lan kursi papat.

Garèng : Ngrêti aku saikine, dadi para kangjêng tuwan, apadene kowe, kala samono jumênêng dadi:... jaga thèthèk, anjaga barang darbèktedarbèke. kaum kononis,kolonis. sing mêsthine disimpên lan ditumpuk ana ing grobag barang kono.

Petruk : Sakarêpmu anggonmu arêp ngarani. Nanging ing kono rak têtela anggone kaum kolonis tansah jinaga, nganti barang-barange sing diwajibake ngulat-ulatake iya para kangjêng tuwan-kangjêng tuwan.

Garèng : Sukur ta sukur, aku kok mèlu bungah, dene samono anggone kana ngitik-itik bôngsa inyong. Saiki kapriye kaanane ana ing dalan.

Petruk : Pangkate sêpur saka Tanjungkarang, yaiku dohe kurang luwih nêm pal saka palabuhan - awit kumpule kaum kolonis iya ana ing kutha kono - kira-kira jam satêngah sawêlas. Dina kuwi sing dijujug ing Lahat, Kang Garèng, têgêse: aku kabèh kudu nginêp ana ing Lahat. Dene têkane ing kono, kurang luwih jam sêtêngah sêpuluh bêngi, Kang Garèng.

Garèng : Mêngko sik, Truk, mêngko sik, ana kok banjur mung dijujug ngono bae. Ambok caritakna dhisik, kêpriye kaanane ana ing dalan, lan sêsawangane turut dalan, apa iya: èdi, pèni, asri, sêmangêr lan anêngsêmake.

[Grafik]

Petruk : Sêsawangane turut dalan, rada nyêpêt-nyêpêti, Kang Garèng, sabab têrus-têrusan mung alas thok bae, tur dudu alas gung liwang-liwung, nanging alas trataban, mulane kanggone aku, lagi nyawang sêtêngah jam bae, matane wis lêr-lêran bangêt. Lan ora suwe banjur ngimpi, nanging iya ora... ngilêr, Kang Garèng. Tujune ora antara suwe, minôngka kanggo cagak êlèk, kangjêng tuwan-kangjêng tuwan mau padha ngajak Sang Arya aku: kêplèk, e, nas, main: brij-wah, kêsalahan gêdhe aku, Kang Garèng, wong pêrmainane para kaum têlèk, têka cangkêmku ora kêna tak êrèm, ujug-ujug mak :

--- 972 ---

cêblung, muni: kêplèk.

Garèng : Wis, ora susah didawa-dawa. Nanging ing batin aku rada cêkikikan bangêt, ingatase kowe kathik main brij karo kangjêng tuwan-kangjêng tuwan. Lo, karampungane kêpriye, Truk. Kowe apa iya mênang.

Petruk : Tak kandhani, Kang Garèng, dhisike sing dadi inconku salah siji kangjêng tuwan kontrolir sing saka Batawi, iki mungsuh karo tuwan rumah, kangjêng tuwan kontrolir ing Lubuklinggo, kang incon karo kangjêng tuwan kontrolir sing saka Batawi liyane. Kowe wêruh dhewe, Kang Garèng, aku iki bangsane wong andhap-asor, tur uripku iki mung tansah ambudidaya, bisane gawe sênênging liyan. Kala samono aku rumasa dadi tamu, miturut piwulange para sêpuh, wong dadi tamu kuwi sabisa-bisa kudu tansah ambudidaya gawe sênêng lan marême tuwan rumah. Jalaran saka iku anggonku main brij iya tak kalah-kalahake, cikbèn tuwan rumah, yaiku kangjêng tuwan kontrolir Lubuklinggo, sênêng panggalihe. Ing sarèhne kalahe aku sainconku wis rada tumpuk-tumpuk, suwe-suwe banjur ijol incon, kang sabanjure sing dadi inconku banjur kangjêng tuwan kontrolir Lubuklinggo, iki atêgês: wiwit samono aku banjur dadi tuwan rumah. Miturut adat tatacara Jawa, tuwan rumah kuwi kudu tansah ambudidaya gawe sênênge tamu. Ing sarèhne kala samono aku dadi tuwan rumah, wajibku iya gawe sênêng marang tamuku, mulane mainku iya têrus-têrusan tak kalah-kalahane bae.

Garèng : Wayah, padune ora bisa main brij bae, kathik kakehan prêtèngsèng. Wis, banjurna bae caritamu.

Petruk : Kira-kira jam satêngah sêpuluh bêngi, sêpure têkan ing Lahad. Wah, ing kala samono wis pêtêng andhêdhêt, Kang Garèng, ewasamono mudhune kaum kolonis iya mêksa bisa dipranata rajin bangêt kae, Kang Garèng. Wong-wong mau padha diirit nyang pondhokane, kurang luwih dohe saka sêtatsiun, rong atus pêcak, Kang Garèng. Ing kono wis ditata kabèh-kabèhe, iya pangane, papane turu, kulahe. Dalasan panggonane: prêlu bêsar, iya wis disadhiyani. Lo, samono panjagane marang wong-wong kaum kolonis mau. Nanging, kocapa, Kang Garèng, saka anggonku anjingglêng nonton panampane kaum kolonis mau, wusanane kanggo pondhokanaku dhewe kapiran-kapirun. Ing môngka ing kala samono wis jam sêpuluh bêngi, ana ing Lahat ora wêruh lor kidul. Mulane aku banjur nekat dadi: sang arya pisan, yaiku: banjur mung mela-mèlu para kangjêng tuwan-kangjêng tuwan mau, pungkasane: bluwêng mlêbu ing hotèl Walônda. Ing batin: ma-tik, aku saikine, kalakon kudu mangan Lônda, têgêse: kudu mangan masakan-masakan cara Lônda.

Wara-wara

Ing dintên punika waosan enggal dèrèng sagêd kawiwitan, minôngka sêsêlan dipun aturi dongèng cêkak: Sêtya Munggêl Kamurkan.

--- 973 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Wetan, Radèn Bierce A.I.B. nindakakên padamêlan mantri pulisi ing Paresidenan Kêdiri, dados tij. wd. wêdana Paresidenan Kêdiri. Mas Sudiman, tij. wd. A.I.B. ing Paresidenan Malang, dados tij. wd. A.I.B. nindakakên padamêlan mantri pulisi Paresidenan Malang. Radèn Musayid Kusumobroto, tij. wd. A.I.B. Paresidenan Surabaya, dados tij. wd. A.I.B. nindakakên padamêlan mantri pulisi Paresidenan Kêdiri. Pujobuntoro, tij. wd. A.I.B. Paresidenan Surabaya, dados tij. wd. A.I.B. nindakakên padamêlan mantri pulisi ing Malang.

Pindhahipun Mr. Subroto kaundurakên. Ingajêng kawartosakên, pindhahipun Mr. Subroto saking Surabaya dhatêng Bêtawi katêmtokakên wontên ing wulan Augustus punika. Ing sapunika wontên wartos kaundurakên sawatawis wulan malih, amargi wontên padamêlan pêrlu sangêt ing provinciale raad ingkang kêdah karampungakên.

Mr. Sumardi. Wontên wartos, Mr. Sumardi ingkang nêmbe wangsul saking nagari Walandi, asli saking Surakarta, wiwit wulan punika dipun parêngakên suwita nagari karajan Jawi ing Surakarta, manggèn ing kantor B. nindakakên padamêlan babagan pajêg.

Ambachtsleergang ing Purworêjo botên saèstu kasuwak. Ingajêng sampun nate wontên wartos, bilih Ambachtsleergang ing Purworêjo badhe kasuwak, gêgayutan kalihan pangiridan. Nanging miturut katrangan saking ingkang wajib, pamulangan wau botên saèstu kasuwak. Saha salajêngipun sampun kawarak-warakakên dhatêng ingkang gêgayutan.

Pindhahan doktêr. Dr. Syamsudin, ingkang nyambut damêl wontên griya sakit lepra ing Sêmarung, Surabaya kapindhah dhatêng Cilacap, nindakakên padamêlan nanggulangi sêsakit lepra ingriku.

Ngawisi gambaring pangagêng kangge reclame. Miturut wartos, atas saking dhawuhipun pangagêng ing Tiongkok, ngawisi sampun ngangge reclame ing pariwara sarana mawi gambaripun jendral Chiang Kai Shek, amargi tindak makatên wau nama ngrèmèhakên kadrajataning pangagêng.

Darma agêng. Kawartosakên, bangsa Tionghwa ing Surabaya adamêl bêbadan pados darma kangge mitulungi bangsa Tionghoa ing Tiongkok sisih lèr ingkang sangsara jalaran pêrang. Ing bab punika toko Mascote suka darma 10.000 dollar. Kajawi punika nalika bêbadan wau pados darma wontên parêpatan, angsal arta f 6.000.-.

Cèt bathik dipun bêskup. Sampun sawatawis dintên Cirêbon wontên cèt bathik dipun bêskup. Barang ingkang dipun bêskup wau ngantos tigang rambahan, dene ingkang kanggenan tiyang ing Cirêbon ngriku, barangipun badhe dipun kintunakên dhatêng sudagar ing Bêtawi. Wontênipun barang wau dipun cêpêng, amargi barang wêdalan Jêpan, ingkang lêrêsipun botên kenging kalêbêtakên dhatêng tanah ngriki.

Pagantosan pêtêng. Pulisi ing Bêtawi mêntas anggropyok griya pagantosan pêtêng ing Tanah Abang, pinanggih barang-barang awarni vulpen 83 tuwin sarung kathah. Tiyang ingkang gadhah pagantosan wau kajawi nêrak pêpacak ngêdêgakên griya pagantosan pêtêng, ugi kêgrajang kanggenan kadurjanan. Salajêngipun dados papriksan.

Anggèning andon layaran Tuwan Speck. Kados ingkang sampun kêrêp kawartosakên, Tuwan Speck ingkang badhe ngubêngi jagad kanthi numpak baita alit, kala tanggal 19 Juli kêpêngkêr, baitanipun kabêkta numpak kapal Australie alit bidhal saking Kalabihi dhatêng Alor. Sakingriku lajêng badhe bidhal wangsul dhatêng Dilly numpak baitanipun piyambak. Sasampunipun dumugi ngriku badhe nglajêngakên lampah mangetan.

P.I.D. Sêmarang suka pêpèngêt. Kawartosakên, guru-guru sêkolahan Tionghoa ing Sêmarang sami tampi pêpèngêt saking P.I.D. supados manawi mulang ingkang ngatos-atos. Pêpèngêt makatên punika gêgayutan kalihan lêlampahan-lêlampahan ing bab pasulayan Jêpan kalihan Tiongkok.

Benggol durjana kêcêpêng malih. Marsose ing Krawang mêntas nyêpêng benggoling durjana malih nama Maming ing dhusun Têlok Jambe asli saking Cibarusa. Tiyang wau misuwur tansah ngoyok tuwin nênêdha kanthi pêksa ing pintên-pintên panggenan. Kajawi punika taksih wontên durjana sanès-sanèsipun ingkang kêcêpêng. Kêcêpêngipun durjana-durjana wau anjalari gampiling papriksan kadurjanan sanès-sanèsipun.

Ngrêmbag bab ordonnantie salakirabi. Pakêmpalan Nahdatul Ulama ing Surabaya badhe ngawontênakên parêpatan bikakan, pêrlu kangge ngrêmbag bab ordonnantie salakirabi ingkang badhe tumindak ing wulan Januari taun 1938. Salajêngipun ngawontênakên parêpatan wontên ing Sidoarjo, Banyuwangi tuwin Tulungagung. Wontênipun ing Sidoarjo, ing bab babagan Burgelijke Stand tuwin salakirabi tiyang siti, dipun wêdharakên sabda dening Tuwan A. G. Suroto.

Gemeente Cirêbon angsal panduman arta f 40.000.-. Jalaran saking mêntas wontên kêbêsmèn ing Cirêbon, Burgemeester Gemeente Cirêbon mêntas parêpatan kalihan pangagêng nagari, ngrêmbag badhe andamêlakên griya-griya kangge têtiyang ingkang mêntas sami kêbêsmèn griyanipun, tuwin murih tumuntên sagêd kêlampahan, badhe mêndhêt sambutan dhatêng Weerstandsfonds, salajêngipun pados arta pitulungan. Ing mangke wontên dhawuh saking Directeur Departement Verkeer en Waterstaat, bilih ingkang ada-ada babagan punika badhe angsal panduman arta f 40.000.-, saking arta 25 yuta kêmirahan saking nagari Walandi.

Pindhahan punggawa post. Nyonyah Siti Subaidah bis Sarbi, bojonipun R. Sucipta, telefooniste klas 1 ing Mojokêrto, kapindhah dhatêng Surabaya. Tuwan Bachtiar Panai, klerk klas 1, kapindhah saking Kisaran dhatêng Medan. R. Yunus Kartosutisna, monteur kapindhah saking Cilacap dhatêng Kêbumèn. Mas Kasmiri Sumadiharja, monteur, kapindhah saking Medan dhatêng Bandung. R. Kain, opzichter klas 1, kapindhah saking Medan dhatêng Bandung. R. Sumadiyar alias Sumodiharja, klerk klas 1, kapindhah saking Mojokêrto dhatêng Singkawang. Mas Prawiradinata klerk, kapindhah saking Subang dhatêng Bat.-Centrum. Mas Sudarsono, commies, kapindhah saking Tuban dhatêng Sêmarang, kosokwangsulipun Tuwan Mandra, saking Sêmarang dhatêng Tuban.

Mitongtonakên franco ing Pasar Gambir. Benjing Pasar Gambir ngajêng punika, para ingkang sami nglêmpakakên franco ingkang sampun kangge, ing Bêtawi, badhe mitongtonakên franco ingkang dipun kalêmpakakên wau. Têtiyang ingkang nglêmpakakên punika anggadhahi kêmpalan saha sampun gadhah warga, tumrap Bêtawi wontên 200, tuwin tansah mindhak-mindhak kemawon. Adêging pakêmpalan wau sampun 15 taun, benjing Pasar Gambir punika badhe dipun pèngêti, ngiras mitongtonakên paklêmpakanipun franco. Ing papan mitongtonakên ngriku badhe dipun wontêni kantor post alit piyambak, nyadèni franco sapanunggilanipun. Franco ingkang dipun pitongtonakên wau franco saking saindênging jagad.

--- 974 ---

Padagangan bathik majêng. Sampun sawatawis wulan, panggaotan bathik ing tanah Jawi saya majêng, rêginipun mindhak, sadhiyaning barang-barang kathah. Ing salêbêtipun 6 wulan kêpêngkêr, indhaking sadean tikêl kaping 2 1/2 tinimbang taun kêpêngkêr, sadhiyanipun barang dipun kathahi. Ingkang majêng punika botên ngêmungakên sinjang ingkang awon kemawon, sanadyan ingkang alusan ugi makatên. Mila sudagar bathik ing Pêkalongan inggih tumut majêng, kathah anggèning tampi wêlingan saking sudagar ing Bêtawi. Dene agêngipun kintunan, dhatêng tanah sabrang, Singapura. Malah sapunika wiwit nyandhak Siam.

Andandosi margi sêpur N.I.S. Mèh sabên mangsa rêndhêng, margi sêpur antawising Ngayogya-Surakarta, tamtu manggih karisakan jalaran bênanipun lèpèn Simping, bênaning lèpèn wau mawi pasir, inggiling pasir ngantos ngungkuli krêtêg, ngantos adamêl kandhêging lampahipun sêpur. Ing sapunika N.I.S. gadhah sêdya badhe nginggilakên krêtêging margi sêpur ing lèpèn Simping supados sagêd kalis ing bênaning lèpèn.

Prof. Dr. C.D. de Langen rawuh tanah ngriki. Prof. Dr. C. D. de Langen sampun dumugi Bêtawi, kanthi nitih motor mabur "Torenvalk" gadhahipun K.L.M. Anggènipun mriki Prof. wau pêrlu badhe anjênêngi Volkenbonds-Conferentie ing bab kasarasan ing padhusunan ingkang badhe kawontênakên ing Bandung. Panjênênganipun dados warga Volkenbonds-commissie ingkang sampun nate damêl palapuran babagan punika.

Bab gêndhis. Kala Kêmis kêpêngkêr para dagang gêndhis tuwin para wakil saking Economische Zaken, nivas tuwin Suiker-syn-dicaat sami parêpatan. Para dagang ingkang dipun dhatèngakên ing parêpatan wontên 15, inggih punika: Wellenstein & Krause, Maclaine Watson & Co., Erdman & Sielcken, Internatio, Jasumy, Tuwan Moet, Kian Gwan, Tio Sing Liong, Kian Ciang, Ban Gwan, Patel, Abidul Rahim Usman, Rachordas, Mustsui Bussan, Motsibusi tuwin Nan & Co. Parêpatan punika ngrêmbag kawontênan.

Nyonyah Walandi pêjah kobong. Sampun sawatawis dintên ing Bandung wontên nyonyah Walandi pêjah jalaran kobong. Sarêng pulisi nindakakên papriksan, nyonyah wau pancèn niyat nglalu, rumiyinipun sampun nguntal sublimaat pastiles, nanging botên sagêd tiwas. Wusana badanipun lajêng kablêbêt ing sinjang, rencangipun kapurih nyiram lisah pèt, salajêngipun kapurih nyumêt. Sakawit rencangipun botên purun, nanging jalaran saking adrêng, ugi lajêng dipun pituruti. Wusana andadosakên ing tiwasipun. Kala punika inggih wontên tangginipun ingkang badhe têtulung, nanging sampun kasèp. Dene sababipun nglalu kados makatên punika, jalaran nyonyah wau sakit lepra.

Saking nagari Walandi dharat dhatêng tanah ngriki. Ing wêkdal punika wontên neneman bangsa Eropa nama W. Hamilton, dados drukker ing salah satunggiling pangêcapan ing Tilburg, nagari Walandi, badhe bidhal saking nagari Walandi dharat dhatêng tanah ngriki. Tuwan wau gadhah sadhèrèk wontên tanah ngriki anggadhahi kantor pangêcapan. Ingkang minôngka sanguning lampah sarana sade gambar warni-warni. Sarèhning margi ingkang gawat badhe pinanggih ing Konstantinopel, mila samangsa sampun dumugi ingriku lajêng badhe numpak kapal dhatêng tanah ngriki. Tuwan wau ugi sampun wongsal-wangsul dhatêng tanah ngriki, nanging sarèhning nyambutdamêlipun kala samantên wontên ing kapal, wangsulipun inggih numpak kapal. Dene ing sapunika sarèhning sampun botên nyambut damêl kados makatên, anggènipun mriki namung dharat, jalaran botên gadhah waragad.

[Grafik]

Kapal kêruk enggal. Inginggil punika (sisih têngên) gambar kapal kêruk timah gadhahanipun Mij. "Billiton" nuju kacobi wontên ing Tanjungpriok. Kapal kêruk wau kadamêl langkung agêng tinimbang kapal kêruk ingkang sampun wontên damêlan rumiyin.

--- 975 ---

Wêwaosan

Sêtya Munggêl Kamurkan

Cariyos cêkak

Padhanging srêngenge ing wanci sontên, katingal mawêlu, kados wandanipun tiyang kalêson. Pêksi-pêksi pating kalêpêr sami mapan dhatêng pencokanipun, kanthi nilari ocèh kados pindhaning pamuji ngluhurakên dhatêng asmaning Pangeran. Kawontênan ingkang kados makatên punika sagêd anuwuhakên karaos-raos ing manahipun tiyang ingkang nuju kasusahan.

Gêgambaran kawontênan ing donya punika asring angèngingi dhatêng lêlampahaning tiyang. Ing wanci ingkang kacariyos punika, wontên prajurit neneman kaplajêng saking paprangan, guwayanipun katingal aclum dening kaduk botên nêdha, namung pancêrênging mripat katingal murub dados tandhaning prajurit linangkung.

Prajurit neneman wau nama Tiyasa, praèanipun ambranyak, tandang-tandukipun sarwa cikat. Nanging wantunipun tiyang sawêg dhawah apês, sawarnining kaprawiranipun botên wontên ingkang kangge ing damêl. Panglocitanipun Tiyasa: Hêm, wong iku yèn lagi tumiba ing apês, apa rekadayane mung dadi jalaran nyêngkakake kasangsaran. Dadi nyata samubarang lêlakon iku yèn ditindakake kalawan nyêngka, lôngka bisane tinêmu. Kaya tindakku iki, anane mung nêmu pituna.

Tiyasa dèrèng ngantos dumugi panggagasipun, mirêng suwara krêsêk, saha lajêng wontên tiyang sakawan jumêdhul saking grumbul, sadaya sami sikêp dêdamêl, saha lajêng sami ngêpang TiyaTiyasa. kanthi ngacungakên sanjatanipun, tuwin nyuwara: nutut, apa bôngga.

Tiyasa namatakên kanthi têtêging manah, nanging wujuding tiyang sampun botên cêtha, dening sampun sêrap, wusana lajêng mangsuli: Aku ngrêti yèn kowe kabèh iku para prajurit mungsuhku, nanging aku iya ngrêti yèn kowe kabèh iku padha prajurit jirih. Awit anggonmu padha ngêcungake bêdhil kang lumrahe gawe kasamaran, iku tak tômpa kaya pakartine bocah cilik. Mêsthine kowe wis ngrêti yèn aku iki mung wong siji thil, lan mung agêgaman pêdhang, apa iya mèmpêr upama pêdhangku iki kêna tak ênggo nugêli gulu-gulumu.

Prajurit ingkang satunggal wicantên: Kowe iku wong kaduk gêndhung, kuwanènmu koanggo sêsongaran. Butuhku dudu uni akèh, lan yèn nyata unimu iku ngêlantur, mêsthi bakal tak punggêl dening mlatuking bêdhilku.

Tiyasa: Kowe aja kliru surup, uni iku durung mêsthi dadi tôndha kêkêndêlaning batine. Yèn kowe ambêdhil aku, dudu tandhaning kêndêl, beda karo kang bakal dibêdhil, iku kêndêlaning bakal ketok ana ing patine. Nanging, wis ta, tinimbang aku tansah gawe uwasing atimu, ênya aku cêkêlên, bèn padha lêga. Ayo. Rikat.

Prajurit sakawan ngantos sami kamitênggêngan, nanging ugi lajêng tumandang nyêpêng Tiyasa, dipun bônda kêncêng. Salajêngipun Tiyasa dipun êkèn lumampah kanthi têmbung sêrêng: Ayo, mlaku.

Tiyasa miturut kanthi anggagas makatên: Têmbung bêcik tangkang. tumiba marang wong kang kuthung budine, iku pêpindhane kaya nyêbar wiji ana ing papan watu, lôngka bisane thukul bêcike. Kaya prajurit papat iki, sajake mung padha pawitan kuwanèn thok, ora duwe pikiran kang mêmbat. Wis, bêcik nurut.

Ing kala punika môngsa paprangan, ing pundi-pundi kamirêngan suwaraning sanjata mungêl, kasasarankasangsaran. pinanggih saênggèn-ênggèn, sakêdhap-sakêdhap katingal urubing latu griya kabêsmi, binarung panjêriting têtiyang ingkang sami pados pangungsèn. Pêkên-pêkên sami suwung, rajakaya pating salêbar botên kantênan, pasimpênan têdha ing lumbung pinanggih mowat-mawut botên wontên ingkang ngopèni. Sadaya wau dados tandhaning nagari badhe karisakan.

Ing satunggiling dhusun ingkang dipun êbroki ing mêngsah, wontên pangagêng prajurit makuwon ing ngriku, damêl tarub agêng, sakubênging tarub dipun dêgi papan palêrêmaning para prajurit, pinêtha-pêtha kadosdene adêging balegriya ing môngsa têntrêm.

Pangagêng prajurit wau agêng inggil, wujudipun ngajrihi, suwaranipun kados galudhug, dhasar prawira ing prang, mila pantês sangêt dados senapatining prajurit.

Ing kala punika sampun wanci jam sawêlas dalu, ing papan ngriku sampun nyênyêt botên wontên sabawaning tiyang, kajawi namung kêmirêngan kêropyaking dêdamêlipun para prajurit jagi, tuwin bangingèhing kapal nêdha êjog pakan. Pangagêng wau katingal linggih piyambakan kalihan anggagas dhatêng ruwêt rêntênging paprangan, wusana kêsaru wontên prajurit jagi dhatêng kalihan matur: Punika wontên prajurit nganglang ambêkta mêngsah ingkang kapikut. Inggih punika pun Tiyasa.

Pangagêng: Kon maju, gêlis.

Botên dangu katingal wontên prajurit sakawan ngirit tiyang satunggal sampun dados bêbandan. Pangagêng wau ngawe nyasmitani majêng kalihan tanganipun kiwa, tanganipun têngên ngungalakên dilah, wicantênipun: Mrene, mrene. Nyata iki mungsuhku.

Prajurit ingkang ngirit: Nun inggih bandara, punika mêngsah. Kula sumôngga.

--- 976 ---

Pangagêng wicantên sora kados galudhug: Kowe mungsuhku ya, sesuk kowe digantung gandhul-gandhul ya. Galo ana ing wit kang dhuwur kae. Êlo, umak-umik, kowe arêp muni apa.

SatugilingSatunggiling. prajurit kang ngirit: Tak tapuk cangkêmmu lo, yèn kowe muni. Iki ana ngêndi, lan kuwi sapa.

Tiyasa: E, eh, athik ana têmbung golèk pêndhok (panjilat) kaya ngene. Yèn aku, ngrungu têtêmbungan kaya ngono kuwi, kupingku kêri.

Pangagêng: Kowe wong kurang ajar bangêt, ana ngarêpku wani duwe uni kaya ngono.

Prajurit: Nah, rasakna.

Tiyasa: Mêngko ta, panggêdhe...

Prajurit: Basa, basa.

Tiyasa nglajêngakên ungêlipun... aku kogêtak-gêtak iku, apa aku bèn wêdi, iya. O, yèn mungguhing aku, wis ngrêti êmpan papane, apa yèn kowe tak sêmbah lan tak basani, bakal murungake panggantungmu. Lan manèh yèn aku girisa mênyang kowe, jênêng nandhang pituna rangkêp-rangkêp, awit aku ngrêti, yèn kowe duwe ambêg têgêlan, bungah misesa mênyang sapadhamu urip. Sarèhning wis tak tekadake, sanadyan aku tumêkaa ing pati, sawisasawise. ninggal kuwanèn. Apa kowe ora isin ngêrêngi wong kang wis tanpa daya mangkene. Ayo katogna.

Pangagêng wau sarêng kataman ing têmbung kados makatên punika, manahipun kêraos, lajêng wicantên sarèh: Lagi sapisan iki aku rumasa diwanèni ing mungsuh kang wis dadi bêbandan, suwarane kang kêmèng iku, dayane ngungkuli suwaraning mriyêm. He, wong anom, jênêngmu sapa, pantês upama kowe iku dadia pangarêping gêgunungane wong ala.

Tiyasa: Panggêdhe, pitakonmu iku kang ora ana têgêse babarpisan, jênêngku ora maedahi apa-apa marang awakmu, jênêngku arêp tak gawa mati kanggo nglabuhi sadulurku. Dene saupama aku nglakoni dadi pangarêping gêgunungane wong ala, mêsthi ora eling nglabuhi sadulur kang kasangsaya ana tanganing musuh. Ayo aku tumuli gantungên, tututna sadulurku kang wus kowasesa. Galo sirat abang ing wayah esuk kae kang bakal nêksèni patiku ana ing pagantungan.

Pangagêng ngungak dhatêng jawi sumêrêp sampun sulak padhang. Lajêng wicantên: He, bocah kang kêndêl, kêkêndêlanmu tansah ngênani atiku, yèn nyata aku wis anggantung sadulurmu, unimu iku bakal nabêt ana têlênging atiku, aku rumasa mugutake trêsnaning sadulur, kang ora beda kaya katrêsnanku mênyang sadulurku dhewe. He, prajurit, bandane uculana. Wong iki arêp tak gawa mênyang papan tahanan.

Wanci jam wolu enjing Tiyasa dipun kanthi dening pangagêng wau dhatêng papan tahanan, ing ngriku pinanggih wontên tiyang kathah pating kalèsèt, sawênèh wontên ingkang sampun badhe dipun gantung.

Tiyasa wontên sangajênging tiyang tahanan wau mandêng dhatêng têtiyang ingkang kala punika namung tumungkul, dening ngênês badhe dipun gantung. Tiyasa sarêng sampun cêtha pamawasipun, lajêng anjaranthal lumajêng ngrangkul tiyang wau tuwin sêsambat makatên: Adhuh kakang, aku êmoh kèri, aku ambelani kowe, bèn digantung tunggal sapagantungan. Ora tinêmua dadi jodho ana ing donya, iya kalakona ana ing ngakerat.

Pangagêng: Êlo, dadi iki mau bocah wadon.

Pangagêng lajêng murugi tiyang ingkang rêrangkulan wau dipun bêkta kesah saking ngriku, lajêng dipun biktabêkta. dhatêng palêrêman, sasampunipun mapan lênggah lajêng dipun dangu: Aku arêp wêruh, kapriye andharane lêlakonmu iku.

Tiyang tahanan mangsuli: Pangagêng, nama kula pun Tiyasa, lare punika pacangan kula, nama Sayati. Sarêng môngsa paprangan punika kula kenging aradan dados prajurit, kula kapêksa pêpisahan kalihan pêpacangaspêpacangan. kula punika. Papisah kula kalihan piyambakipun, amung acipta pêjah, awit kula sampun prasêtya, manawi kula botên sagêd dhaup kalihan piyambakipun, aluwung pêjaha. Dados anggèn kula badhe dipun gantung punika, nama sampun nêtêpi patêmbayan.

Pangagêng namung manthuk-manthuk: Mara Sayati, kowe nyaritakna lêlakonmu.

Sayati: Pangagêng, aturipun pacangan kula pun Tiyasa punika lêrês, dados kula botên prêlu ngaturi katrangan malih. Namung têrangipun: sarêng kula mirêng pacangan kula katawan ing mêngsah, kula lajêng mindha tiyang jalêr, ngangge namaning pacangan kula, lajêng malêbêt prajurit, sêdya kula namung badhe pados margi pêjah. Wusana kalampahan kula sagêd kapanggih pêpacangan kula wontên ing ngarsa panjênêngan. Dados ing panyuwun kula, manawi kula kêkalih badhe kadhawahan ukum kisas, nyuwun dipun sarêngakên.

Pangagêng anggènipun mirêngakên antosngantos. kêmbêng-kêmbêng, wusana lajêng nimbali pangulu kados adat manawi badhe andhawahakên karampungan ngisas.

Pangulu sasampuning dhatêng, pangagêng lajêng dhawuh: Pangulu, bocah lanang wadon iki nikahna, atas saka kaparêngku.

Kalampahan Tiyasa kanikahakên angsal Sayati, sarampunging nikah, pangagêng dhawuh.

He Tiyasa lan Sayati, saiki kowe wong loro, padha tak luwari, lulus rukuna anggonmu jêjodhoan. Tujune ana lêlakon kang dadi jalaran gawe padhanging atiku, aku duwe têpa, yèn aku uga bisa nêmoni lêlakon kang kaya kowe. Lan saupama aku ambacutake ngukum mênyang kowe sakaloron, ayake aku bakal mati ngênês kanthi kawirangan ing batin. Ora liwat, pangantèn, muga kowe elinga mênyang mungsuhmu iki, kang rumasa kasoran dening kautamaning tekatmu. Wis, cuthêl, lungaa.

--- 117 ---

Nomêr 30, taun II

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Rêbo.

Kawruh Warni-warni

Paedahipun tigan ayam

Tigan ayam punika kathah paedahipun, inggih punika: 1. Pêthaking tigan kacarub kalihan mostêr, lajêng kangge tapêl utawi kasibarakên ing dhadha, sagêd anyêgah sêsakit ampêk. 2. Tatu kêbêsêm utawi kaslomot, prayogi dipun wêdhaki kalihan pêthaking tigan. 3. Pêthaking tigan kacarub kalihan gêndhis batu lan toya, kenging kangge jampi watuk. 4. Tigan kacampur kalihan wedang kopi, lajêng kaombe, murugakên kiyat dhatêng badan. 5. Tigan kacarub kalihan anggur, lajêng kaombe, murugakên lêma tumrap tiyang ingkang kêra, tuwin anglêrêsakên lampahing êrah.

Manisan wowohan supados botên anjamur

Gêndul wadhah manisan wowohan kasukanana gêndhis pasir kintên-kintên kandêlipun saprapat dim, sarta cangkêming gêndul katlakupana mawi wacucal tipis utawi impês (kêndhangan) supados botên kalêbêtan hawa.

Jênang blimbing wuluh

Blimbing wuluh punika bangsaning wowohan ingkang raosipun kêcut sangêt, manawi pinuju awoh andêmênakakên, ngantos onte-ontean, botên ngêmungakên êpang-êpang ing nginggil kemawon ingkang wontên wohipun ambiyêt, dalasan ing witipun saking ngandhap sapanginggil ugi wontên wohipun urut-urutan, mila manawi mangsaning awoh ngantos ambucal-bucal utawi êmoh-êmohên, amargi blimbing wuluh wau ingkang limrah namung kangge campuraning asêm-asêm, saoto, sambêl, tuwin kaangge anggêbêgi barang-barang bangsaning kuningan, mamas sasaminipun, punika taksih tirah-tirah. Awit saking punika, katimbang namung dipun bucal, blimbing wuluh wau prayogi kaolah jênang. Mênggah rekanipun anjênang kados ing ngandhap punika.

Ngupadosa blimbing wuluh 3 utawi 4 tenggok, lajêng dipun godhog, sasampunipun kagodhog, [kago...]

--- 118 ---

[...dhog,] nuntên dipun pêrêsi sarta kalimbang-limbang ngantos ical raosipun kêcut, galêpung kêtos (kêtan) 2 bêruk, gêndhis Jawi samurwatipun sakintên lêgi, lajêng dipun jênang dados satunggil kalihan balimbing wuluh wau samatêngipun. Jênang blimbing wuluh punika kadhahar lawaran eca, kadhahar kalihan roti inggih nyamlêng.

Nyai Anim.

Ngundhuh-undhuh saking Pakêbonan

Kajawi ing kitha agêng, mèh sabên griyaning têtiyang siti têmtu wontên pakawisanipun ingkang ragi ombèr, ingkang lajêng dipun tanêmi tanêman warni-warni. Satunggal kalih tanêman wau têmtu wontên ingkang kenging kangge lawuh têtêdhan utawi ingkang kenging dipun olah sanèsipun.

[Grafik]

Rara Siti Mariam

Mênggah angkah kula ing ngriki badhe nyuwun pitulung dhatêng kônca guru ingkang sok mulang olah-olah ing sêkolahan, karsaa paring rêsèp-rêsèp saking undhuh-undhuhan ing pakêbonan. Sanajan botêna dados guru ugêr karsa manjurung kados ing pangajêng-ajêng kula punika, inggih badhe kula tampi kanthi bingahing manah.

Manawi rêsèp-rèsèp saking undhuh-undhuhan wau sampun mêdal ing Jagading Wanita ing Kajawèn ngriki, ambokmanawi lajêng sagêd katiru ing salah satunggiling pamulangan lare èstri (Vervolgschool) ingkang sêdyanipun mulang lare kanthi prasaja, ingkang ing wusana pandamêlipun têtêdhan wau lajêng mirah.

Kaparênga kula nyuwun priksa, kadospundi mênggah pangolahing undhuh-undhuhan kados ing ngandhap punika.

1. Bangsaning godhong. Inggih punika godhong pohung (godhong budin, kaspe) ingkang taksih nèm. Godhong katès ingkang taksih nèm. Godhong tela rambat (ubi) ingkang sok dipun damêl lotis (dipun bumboni sambêl lotis), godhong kelor, godhong katuk (katu).

2. Bangsaning wowohan. a gandhul (katès, tela gantung) ingkang taksih mêntah, kangge kêlan, dipun sambêl gorèng, cara Bêtawi malah sok wontên ingkang lajêng dipun damêl manisan. b. blimbing wuluh, kangge kêlan, sambêl gorèng, bumbu. c. kêmlandhingan (mêtir, pête cina). d. woh klenthang (woh kelor).

3. Bangsaning sêkar-sêkaran. a. sêkar turi. b. tuntut (sêkar pisang).

4. Sêkar manggar saha woh kalapa.

Dumugi samantên atur kula. Mugi wontêna sadhèrèk ingkang dhangan ing panggalih karsaa paring rêsèp-rêsèp, ingkang mikantuki kangge lare-lare ing pamulangan èstri.

Siti Mariyam.

--- 119 ---

Kadospundi Wajibing Putri Gêsang wontên ing Jaman Morak-marik punika.

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 60.

Ing môngka yèn ngèngêti kawontênaning jaman samangke kados panjênêngan sadaya sampun botên badhe kêkilapan, sadaya pangupajiwa sarwa rêkaos, awit ingkang dados baku jêjêring pangupajiwa sami morak-marik, sabab sami katrajang ing lesus malèsèd, cacahing panji klanthung tanpa wicalan, ngantos gupêrmèn kapêksa paring kadarman ingkang botên sakêdhik dhatêng kawulanipun ingkang sami nganggur. Cacahing para mudha ingkang sami anggadhahi dhiplomah kimpling-kimpling sahohah, sami pating bilulung ngêcocong dhiplomanipun prêlu kangkekangge. garan pados padamêlan, mêksa wangsul angalênthung tanpa damêl, gèk sapintên ta panalôngsa lan sêmpêlahing manahipun, wêkasan ingkang botên pinaringan èngêtan sabar lajêng ngalunthung manahipun, makatên ugi tumrap tiyang ingkang botên gadhah kasagêdan, yèn kalajêng pandalelahing manahipun namung sarwa sak pasrah, botên sande inggih lajêng kadosdene bêbasan ingkang ungêl-ungêlanipun: wong pintêr dadi kêsèd, wong bodho dadi kadhèt. Awit sadaya ingkang dados ancasing manahipun wau sampun sami lêpat, jalaran sami botên purun mangrêtos dhatêng bêtahipun tiyang gêsang wontên ing jaman ingkang kados makatên punika. Môngka yèn sami purun mangrêtos gampil kemawon, têgêsipun: Butuhe urip sajrone môngsa rêkasa iki nomêr siji mangan. Hla, kadospundi sagêdipun angsal têdha, sarananipun inggih nyambut damêl, botên parduli padamêlan punapa kemawon, punapa nguli, punapa mandhor, punapa tukang cukur, punapa tukang... waton mardamêl, punika lajêng nama gêsang mêntas piyambak, botên gumandhul ing sanak sadhèrèk utawi tiyang sêpuh, langkung-langkung saya rêkaos malih panggalihipun manawi lajêng gumandhul dhatêng dhiplomanipun wontên ing salêbêting jaman rêkaos punika. Wosipun ugêr botên gêsang gumandhul, punika lajêng nama têtêp kasatriyanipun.

Ing ngajêng kula sampun matur bilih kula golongan ibu punika agêng sangêt têtanggêlanipun tumrap putra, sabab saking punika dados sampun mêsthinipun bilih kula sadaya wajib kêdah kagungan panggayuh ingkang langkung jêmbar, sampun ngantos namung dados rêrêngganing dalêm kemawon, bêbasanipun, langkung-langkung para kadang kula wanita mudha, wajibing putri badhe mêngku saha mardi putra ingkang ing têmbe sagêda nêtêpi (nêtêsi) kêkudanganing rama ibu:

Sarèhning kula sadaya ing wêkdal punika sawêg wontên ing salêbêting jaman ingkang kados makatên, punapa botên prayogi sami cancut taliwônda mingkis lêngên prêlu ngudi lan manggalih.

1. Bab panggulawênthahing putra ingkang prayogi piyambak.

2. Tumindaking kabêtahan dêdalêm (bêbrayan) tumrap ingkang sampun krama. Awit kalih prakawis wau yèn botên tumuntên enggal dipun ewahi dhasar-dhasaripun ingkang cundhuk lan salaras kalihan kawontênaning [ka...]

--- 120 ---

[...wontênaning] jaman, kados tangèh manawi kula sadaya badhe sagêd luwar saking salêbêting jurang kasangsaran ingatasipun dalajating wanita.

Wasana namung samantên rumiyin atur wawasan kula, môngsa borong para kadang wanita ingkang kawogan anggènipun manggalih murih prayoginipun, sagêda murakabi ing sadayanipun. Sanès wêkdal sumôngga sami ngrêmbag malih kabêtahan wau, supados sagêda sami ngundhuh wohipun.

Bok S. Wir, Rêmbang.

Bab Dhaharan

Speculaas

Glêpung 17 sendhok, mêrtega 10 sendhok dhahar, gêndhis jawi 13½ sendhok, cêngkèh 1 sendhok tèh, manis jangan ½ sendhok tèh, pala 1 sendhok tèh, sitrun, oli ½ sendhok tèh, sodha ½ sendhok tèh, kênari 7 sendhok dhahar. Mêrtega lan gêndhis dipun ublêk, lajêng sitrun, oli, sodha, cêngkèh, manis jangan. Pala kacampurakên. Manawi sampun campur saèstu lajêng kacêmplungan galêpung lan kênari. Sasampunipun, jladrèn kacithak têrus kaêpan.

Boterbies

Mêrtega 6 sendhok, gêndhis alus 7 sendhok, glêpung 16 sendhok, manis jangan ½ sendhok. Pangolahipun: mêrtega lan gêndhis dipun ublêk rumiyin, manis jangan kacampurakên, lajêng glêpung. Manawi sampun, jladrèn kacithak, têrus dipun pan.

Spekkoek cara Tionghwa

Jênening tigan 50 lan gêndhis kaublêk, panili, mêrtega 1 pon, glêpung. Jênening tigan ingkang 45 lan gêndhis dipun ublêk rumiyin, kasukanan panili. Mêrtega lan jênening tigan ingkang 5 kaublêk piyambak, caranipun manawi badhe ngêpan: amundhuta ublêkan tigan 2 cangkir, sendhok ublêkan mêrtega lan 1 sendhok galêpung, têrus kaudhêk lajêng kasalap ing cithakan, wusana kaêpan. Latunipun sampun agêng-agêng.

Boterhagel

Gêndhis 2 on, mêrtega ½ pon, panili 1, glêpung 1 pon, bakpudhêr 1 sendhok tèh, kênari, tigan 1. Pangolahipun: gêndhis, mêrtega, bakpudhêr, panili lajêng kaublêk. Bilih sampun, lajêng dipun sukani tigan lan galêpung. Jladrèn kaêlèr ing lèngsèr, nginggilipun kausar-urasan ublêkan tigan, lajêng kawuwuran gêndhis lan kênari, lajêng kaêpan. Manawi sampun matêng lajêng kairis-iris pasagi.

Boter Cake

Mêrtega ½ pon 2 sendhok. Gêndhis ½ pon 2 sendhok. Glêpung ½ pon 2 sendhok. Lan tigan 9, krèntên ½ pon, amandhêl ½ pon, sodhah ½ sendhok tèh, sitrun, oli 1 sendhok tèh. Pangolahipun: mêrtega lan gêndhis dipun ublêk ngantos pêthak, tigan 3, lajêng 3 malih. Manawi sampun, lajêng glêpung, krèntên lan rajangan amandhêl kalêbêtakên, lajêng dipun pan.

Surtinah, Majakêrta

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 64, Rê, Pn, 4 Jumadilakir Ehe 1868, 11 Agustus 1937, Taun XII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Wanci sontên - Bab sêsakit edaning sêgawon - Aji Côndhabirawa - Kawontênan ing Tiongkok - Ringgit tiyang lampahan: Dewa Ningrat - Kawontênan ing Lubuklinggo - Kabar warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Wanci Sontên

[Grafik]

Sawangan ing pinggir sagantên ing wanci sontên, ing Surabaya.

--- 994 ---

Bab Kasarasan

Bab sêsakit edaning sêgawon (hondsdolheid)

Sambêtipun Kajawèn nomêr 61

Dr. Lister nyakêti dhatêng Tuwan Pasteur sarta ngandika: kula bingah sangêt dene sagêd têpangan kalihan panjênêngan, satunggiling priyantun ingkang pinunjul makatên, kula mangrêtos, yèn padamêlan tuwin pamanggih panjênêngan punika pancèn lêrês, kula mupakat sangêt kawontênanipun kruma utawi kewan ingkang lêmbat-lêmbat wau sagêd dipun icali utawi dipun sirnakakên sarana dipun godhog utawi dipun sêtum.

Dr. Rossignol kalihan ancik-ancik kursi angandika: Sadhèrèk-sadhèrèk, sadaya ingkang sami kêmpal ing ngriki sampun nêksèni prakawis ingkang wigatos sangêt, kula botên sagêd ngintên-intên, pintên bathinipun tumraping kadhoktêran, Tuwan Pasteur punika botên ngêmungakên kagungan kapintêran ing bab ngèlmu pamisah kemawon ingkang moncèr, malah satunggiling priyantun ingkang pinunjul, sagêd mitulungi lan migunani dhatêng wilujênganing ngakathah.

Dadakan têtiyang ingkang sami ngrubung tontonan draaimolen dhêsêk-dhêsêkan wontên ingkang gêmbor-gêmbor: asu edan, aku dicakot asu edan. Lajêng wontên suwara sênjata, dhul, sêgawon kalengkengan, botên dangu kèndêl pêjah. Wontên ingkang wicantên: enggal gawanên mênyang pandhean. Lajêng katingal tiyang ingkang sakit dipun gotong dhatêng pandhean, ingkang sakit tatunipun dipun bêsmi mawi tosan ingkang mêngangah, ingkang tatu kraos sakit anggêmbor.

Tuwan Pasteur kalihan Dr. Lister mirêngakên panggêmbor wau sami gèdhèg-gèdhèg, ngandika: mêmêlas:

Dr. Lister ngandika: botên wontên dhoktêr ing Eropah ngriki ingkang sagêd mitulungi dhatêng ingkang sakit makatên punika. Tuwan Pasteur manthuk-manthuk, saha matur: menda-menda ingkang sakit sagêd dipun tulungi, punapaa sêgawon ingkang sakit botên sagêd dipun jampèni, kula sadaya kêdah ngupados jampinipun.

Sataun malih, Tuwan Pasteur sampun dêdalêm malih ing Parijs, Annette ingkang sampun nikah (kawin) dados jatukramanipun Tuwan Martel, dipun anggêp kadosdene putra piyambak adêdalêm kêmpal kalihan ingkang rama marasêpuh.

Vaccin Pasteur ingkang sagêd nanggulangi sêsakit miltvuur punika ing Eropah tuwin ing Amerikah sampun kangge suntikan umum dhatêng menda lan lêmbu. Ing wêkdal samantên sêsakit miltvuur sampun kathah sangêt sudanipun.

Tuwan Pasteur ngandika dhatêng Dr. Roux tuwin Dr. Martel: kang luwih ambêbayani lan anggêgirisi iku lêlara edaning asu, aku kabèh wis ngrêti sababe lêlara mau, krumane (wisa) lêlara iki ana ing idu utawa ing ilune asu kang

--- 995 ---

lara kuwe, sanajan aku kabèh ing wêktu iki durung bisa nêtêpake wisane mau, nanging saka tumindaking papriksan lan coban-coban, wis nyata, yèn mêsthi ana wisane kang dadi sabab thukule lêlara mau.

Tuwan Pasteur ngandika dhatêng ingkang garwa: mêngko bêngi dhoktêr kewan têka... anggawa asu kang lara edan....

Tuwan Pasteur katingal sayah sangêt, amargi tigang dintên tigang dalu nyambut damêl mèh botên wontên kèndêlipun, mila piyambakipun inggih ragi lêsu badhe ngaso sare, nanging dèrèng ngantos sagêd ngaso, kadêrêng ngupadosi jampi ingkang kangge nanggulangi sêsakit edaning sêgawon mawi damêl cobèn-cobèn rumiyin.

Ingkang garwa ngaturi kondur dhahar lan kabar sae ingkang damêl bingahipun tiyang sêpuh, têmbungipun: Louis panjênêngan badhe kagungan wayah, Annette anggènipun ngandhêg sampun lèkipun.

Tuwan Pasteur lajêng ngêpak-êpak pundhakipun ingkang garwa, nanging tansah gèdhèg-gèdhèg, anandhakakên botên bingah putranipun ngandhêg wau, awit ing Parijs bab panjagi kasarasan tumrap mitulungi tiyang èstri manak dèrèng majêng, kados ta ing bab panjagi rêsikan dèrèng sae, bab ingkang wigatos dèrèng mangrêtos, dados èstri ingkang manak dipun tulung dhoktêr utawi Vroedvrouw punika taksih mutawatosi.

Badhe kasambêtan.

R. Sumadirja, Ind. Arts. Sêmarang.

[Iklan]

--- 996 ---

Raos Jawi

Aji Côndhabirawa

Miturut cariyos ing padhalangan, ingkang anggadhahi aji Côndhabirawa punika pandhita dibya ingkang mumpuni salwiring guna pangawikan, mungkul ing kautaman, anggêntur kasutapanipun padhepokan ing pratapan Ngargabêlah, awarni ditya agung aluhur, apêparab Bagawan Bagaspati, inggih Bagawan Gundha Wijaya. Sanajan Sang Bagawan Bagaspati punika asipat ditya, ewadene labêt saking luhuring bêbudèn saha bantêring kasutapanipun, satêmah sang bagawan kinasihan ing jawata, kadibyanipun adamêl mirising para satru ingkang nêdya gêndhak sikara. Para pandhita sanèsipun sami rêsêp apawong mitran.

Aji Côndhabirawa punika manawi dipun watak sagêd angêdalakên pangabaran awarni ditya alit sakêmbaran, punika lajêng nanggulangi mêngsah ingkang gêndhak sikara. Watêkipun botên purun angrumiyini, tandangipun namung ngêmbari mêngsahipun, têgêsipun: yèn dèrèng dipun wiwiti kèndêl kemawon, yèn tandangipun mêngsah sumêngit, Côndhabirawa inggih sumêngit, yèn mêngsahipun sarèh, Côndhabiwara inggih sarèh tandangipun. Ditya Côndhabirawa punika manawi pêjah satunggal, lajêng dhatêng sadasa, pêjah sadasa dhatêng satus, makatên ing salajêngipun sangsaya wêwah kathahipun, wêwah agêng saha wêwah galakipun, ngantos mêngsahipun kawêkèn, satêmah giris miris, sirna gêmpang tan môngga puliha.

[Grafik]

Radèn Narasoma

Sang bagawan anggadhahi anak èstri satunggal sulistya ing warni, ngasorakên para hapsari ing kadewatan, anama Dèwi Pujawati, punika kagarwa dhatêng Radèn Narasoma, rajaputra ing praja Môndaraka, ingkang ing ngakiripun jumênêng nata ajêjuluk Sri Maharaja Salya. Sang rajaputra sangêt ing asihipun dhatêng sang dèwi, sanajan makatêna, Radèn Narasoma rumaos sangêt lingsêm kagungan marasêpuh ditya, mila sang dèwi lajêng kadhawuhan pinanggih ingkang rama, mundhut pêjah gêsangipun, awit manawi sang bagawan taksih lêstantun gêsang, sang dèwi botên saèstu kapundhut garwa, awit lingsêm sangêt. Dene manawi sang bagawan sampun pêjah

--- 997 ---

lêstantun kapundhut garwa ngantos dumugi ing dêlahan. Sang dèwi rumaos awrat anglampahi karsanipun ingkang raka, labêt saking trêsnanipun dhatêng bapa, mila sapandurat sang dèwi kadya tugu sinukarta, botên ngucap botên sêgu. Nanging sarèhning asihipun dhatêng ingkang raka tanpa pêpindhan agêngipun, mila karsanipun sang rajaputra dipun turuti, lumampah dhatêng pratapan akanthi tawan-tawan tangis, ingkang raka ngênut wingking.

Sarêng sampun ngancik ing pratapan sang dèwi lumêbêt piyambak, sang rajaputra ngêntosi wontên ing jawi, sang dèwi matur kalihan apêgat-pêgat punapa ingkang dados karnipunkarsanipun. sang rajaputra, sang bagawan anuruti, nanging kumêdah pêpanggihan piyambak kalihan Radèn Narasoma, mila Radèn Narasoma kaaturan lumêbêt. Cêkaking cariyos sang bagawan anglêgani karsanipun ingkang putra mantu, saha wiwit kala samantên sang dèwi dipun namakakên Dèwi Sêtyawati, awit saking sêtya tuhunipun dhatêng guru laki ngantos tega dhatêng pêjahing bapa. Sasampunipun makatên sang bagawan lajêng andhawah pêjah tanpa sarana. Sang rajaputra uninga ingkang kados makatên wau botên rêna ing galih, sang bagawan dipun gugah, sarêng sampun gêsang malih dipun pangandikani: bapa, yèn patimu kaya mangkono ora gawe lêganing atiku, karêpku si bapa kudu sirna saka gêgamanku. Sang bagawan botên suwala, lajêng angungalakên dhadhanipun, sang rajaputra narik katga, sang bagawan linarihan butul dumugi ing walikat, nanging botên pêjah, mêdal êrahipun kemawon botên. Sang rajaputra duka, rumaos yèn dipun mêjanani, lajêng angandika sora: si bapa jare wis tega patine. Ya gene têka ora mati, malah mêtu gêtihe satètès bae ora. Mirêng pangandika makatên wau sang bagawan lajêng angêdalakên êrah saking tatunipun.

Badhe kasambêtan.

Ki Darma Prawira. Kêpanjèn - Malang

[Iklan]

Sêsorah ing Radhio saking Bale Pustaka

Benjing dintên Ngahad sontên, tanggal 15 Ogustus 1937, wanci ½8 dumugi jam 8, Bale Pustaka ngawontênakên sêsorah ing radhio Nirom 2 golflengte 190, ing bab Yasadipura I. ingkang mêdhar sabda Tuwan S. Sastra Suwigya.

--- 998 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Tiongkok

Tumêmpuhing wadya Jêpan tansah angsal tandhing dening pananggulangipun wadya Tiongkok, campuhipun sakalangkung rame, tuwin katingal anggèning campuh wau adhêdhasar kaprajuritan.

Ing ngajêng wontên wartos ing bab anggèning Tungco sampun dhawah panguwaos Jêpan, caraning campuhipun, wadya Tiongkok sagêd ngrêbat kitha wau kanthi kasantosan, ugi sami mawi ngajêngakên campuhing wadya gêgana. Salajêngipun wadya gêgana Tiongkok ambucal bom nêmpuh tangsi Jêpan ing Tungco tuwin ing sanès-sanès panggenan. Wadya ingkang dipun tindhihi Jendral Saotèngyu nglêpasi mriyêm dhatêng kitha, golonganing prajurit praja saking Opèi Wetan lajêng anggolong dados satunggal, kanthi adhêdhasar botên niyat badhe pasulayan kalihan bôngsa piyambak. Ing ngriku Jêpan kêraos bilih tandangipun bôngsa Tiongkok ing sapunika beda kalihan ingkang sampun-sampun, katingal malah iyêg yêktos, malah wadya Jêpan kêpêksa angunduri.

Gêlaripun wadya Tiongkok katingal mitadosi. Sumêrêp dhatêng siluk-siluking paprangan, kados ta wadya TiongkTiongkok. mêntas ngrisak krêtêg sêpur ingkang langkung wigatos ing Yangsun, kaprênah lèr kilèn Pèi Ping 48 kilomètêr. Ing kala punika wontên wadya Tiongkok golongan kalih sawêg lumampah badhe ambiyantu wadya praja ing Opèi Wetan, ingkang dipun kêpang dening wadya Jêpan. Mantêping para wadya Tiongkok, sagêd ugi saking kapilut wêdhar sabdanipun Sung Cèh Yuwan, ingkang tumuju dhatêng rakyat Tiongkok, asuraos bilih badhe ambelani praja Tiongkok salaladanipun kanthi ngêtohakên gêsangipun. Mila ing ngriku Sung Cèh Yuwan saya angsal kapitadosan mrika-mriki.

Jêpan sarêng ngraosakên panglawanipun Tiongkok ingkang kados makatên punika, inggih rumaos bilih ing sapunika kawontênaning Tiongkok saya santosa tuwin saya mangrêtos. Mila sêdyanipun Jêpan badhe ngajêngakên wadyanipun nêmpuh wadya Tiongkok golongan 29. Gêlaripun sairib garudha nglayang. Ingkang badhe dados baris suwiwi sisih kiwa sampun sami ngangsêg dhatêng Nan Yowan, mêdal Huwang Cun, dene suwiwi têngên, bidhal dhatêng Pèi Yuwan mêdal Huwang Si.

Sadumugining Suwi Yuwan, wadya Jêpan wau lajêng nunggil dados satunggal, saha lajêng kêjogan wadya mriyêman tuwin wadya gêgana, salajêngipun andhêsêg wadya Tiongkok, ingkang kawêkasanipun wadya Tiongkok sami kèngsêr dhatêng laladan Sangsintin.

Enjingipun wadya Jêpan saya ngangsêg, saya sagêd ngundurakên wadya Tiongkok saking Saocèn, saêlèr Pèi Ping.

Pêpêrangan ingkang kados makatên punika botên sande tamtu saya badhe rêrêmpon, punapa malih tindak têgêlan, tandhanipun sampun wontên wartos [war...]

--- 999 ---

[...tos] bilih Tiongkok badhe ngadani damêl gas mawa racun, ingkang diwasanipun badhe dipun sêbarakên dhatêng para wadya parentah pusêr. Manawi kalampahan makatên, botên sande Jêpan tamtu inggih badhe nindakakên piwalês ingkang sairib kados makatêtên.makatên. Dados saya cêtha badhe tinêbihan ing karukunan.

Mirid ing bab anggèning rêbat-rinêbat nagari, sampun kenging kangge pasaksèn ing bab babaging tandhing. Kados ing bab anggèning Langpang dhawah panguwaos Jêpan, botên gantalan dintên kenging dipun rêbat ing wadya Tiongkok malih, kanthi campuh ingkang sakalangkung rame, ing ngriku wadya Tiongkok sarêng sampun sagêd ngrêbat Langpang lajêng ngangsêg mangidul urut margi sêpur, sagêd ngrêbati sêtatsiun-sêtatsiun ingkang sampun dhawah ing mêngsah. Kajawi punika tumrap wadya Tiongkok langkung migatosakên dhatêng wontêning margi-margi sêpur, awit margi punika pancèn dados kawigatosan ingatasing paprangan. Ewasamantên tumraping Jêpan inggih botên kawêkèn anggènipun pados margi sanès.

[Iklan]

Ing sêmu pêpêrangan punika saya katingal dipun wigatosakên dening Jendral Syang Kai Sèk, inggih punika ingkang dados pangajênging parentah pusêr, lajêng dhadhuhdhawuh. dhatêng para senapatining prajurit, supados sami tumandang nanggulangi tandangipun Jêpan, kajawi punika ugi dhawuh dhatêng Sung Cèh Yuwan, supados botên mituruti panêdhanipun Jêpan.

Miturut wartos ingkang kantun, Jêpan katingal krodha yêktos, nêdya ngêkahi kitha-kitha ingkang sampun dipun kuwaosi. Saking rosaning pabarisanipun anggèning badhe ngrêbat malih, ngantos dipun cariyosakên bilih Langpang, Pèng Tai, Nan Yuwan tuwin Tungco badhe karêbat Jêpan malih.

Ringgit Tiyang Lanpahan :Lampahan. Dewaningrat, Paring Dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 63.

Adêgan 4: Gêndhing Bendrongan.

Prabu Dewasrani kaadhêp para punggawa, ginêm karaharjaning nagari, sarta ingkang ibu Dèwi Dewaningrat anggèning kalaksanan kagarwa Radyan Janaka, kasaru praptaning Sêmar, Garèng, Petruk, anantang kinèn têluk mring bêndaranipun.

--- 1000 ---

Adêgan 5: ing alun-alun.

Pêrangipun Prabu Dewasrani kalihan Radyan Brataasmara, Prabu Dewasrani kasoran, nungkul. Gya kautus mring Madukara mundhut Dèwi Dewaningrat arsa kagarwa.

[Grafik]

Adêgan 3: Dèwi Wara Srikandhi nangisi Dèwi Wara Sumbadra ingkang sampun kablejedan pangagêmanipun.

Adêgan 6: ayak-ayakan.

Ing Madukara: Radyan Janaka lênggah lan Dèwi Dewaningrat, kaadhêp êmban, Dèwi Dewaningrat matur, punapa botên gêtun tinilar Wara Sumbadra tuwin Wara Srikandhi. Sasampuning kawangsulan, gya lêlangên. Êmban kinèn têtêmbangan, êmban ingkang satunggal dolanan lagu jambe thukul, satunggalipun lagu jinêman. Gya kasaru praptanya Prabu Dewasrani, matur kautus Radyan Bratakusuma lan Radyan Brataasmara mundhut Dèwi Dewaningrat, Radyan Janaka tan suka, gya mêdal ing jawi.

Adêgan 7: srêpêgan.

Radyan Bratakusuma, Radyan Brataasmara pêrang kalihan Radyan Janaka. Radyan Janaka kawon, tinututan.

Adêgan 8: srêpêgan.

Ing gêgana Prabu Krêsna milang-miling mulat ari Radyan Janaka kasor ing prang, gya tumurun ingkang rayi pipanagakên,pinapagakên. dinangu darunanya, Radyan Janaka matur purwa madya wasana sarta nyuwun biyantu, Sri Krêsna paring pitêdah, mêngsah aywa linawan ing prang, nanging kangungruma.

Adêgan 9: srêpêgan.

Ing pabaratan: Radyan Bratakusuma tuwin Radyan Brataasmara anggung sêsumbar, Radyan Janaka prapta sarwi ngura gita (pangkur dhudha kasmaran 1 pada, pangkur paripurna 1 pada), bambang kêkalih luluh panggalihnya, satêmah badhar dadya Dèwi Wara Sumbadra lan Dèwi Wara Srikandhi. Katungka praptanya Sri Krêsna, sajarwa mring rayi Radyan Janaka, bilih Dèwi Dewaningrat sajatinya Bathari Durga. Radyan Janaka dhawuh mring parêpat tiga, kinèn nundhung Dèwi Dewaningrat.

Adêgan 10: ayak-ayakan.

Dèwi Dewaningrat kaadhêp êmban, ngarsa-arsa mring raka Radyan Janaka, katungka praptanya parêpat tiga, Dèwi Dewaningrat pinurih linggar, tan arsa, gya rinoda pêksa, Dèwi Dewaningrat anggêgana angrik badhar sajatinya Bathari Durga. Katungka Sri Krêsna, Radyan Janaka, Dèwi Wara Sumbadra tuwin Dèwi Wara Srikandhi, samya suka-parisuka. Tamat.

R. Sasrasumarta.

--- 1001 ---

Blilu Tau

Anggitane: Wirya Wiharja, sambêtipun Kajawèn nomêr 63

[Asmaradana]

wose kudu simpên dhuwit / aja dhêmên ropyan-ropyan / yèn kêpatuh nusahake / kabèh iku elingana / aja kurang wêweka / aja mung didoli blilu / amblalo tanpa gagasan //

coba wiwit sesuk kuwi / kowe nindakna bakulan / aku sing mratikêlake / dodol saoto sing gampang / sadhela rak wis bisa / Wana Sêtika mung manut / ing sêmu katara bungah //

esuke wis diwiwiti / Si Wana sida dodolan / sadhela bae wis manggon / pêpayone ya lumayan / êmbokne wis pracaya / mung kari athênguk-thênguk / ngulatake saka ngomah //

kaanan ing donya iki / adhakan sok ora lana / jalarane ana bae / nuju sawijining dina / Wana gone dodolan / uwis suwe ora mêtu / jalaran êmbokne lara /

Wana Sêtika prihatin / ketang trêsna ing wong tuwa / ora kurang sêtiyare / ngundang dhukun kana-kana / diêkon awèh tômba / jamu sakathahing jamu / ora ana sing tumama //

sing lara saya matiri / cêkake waswis. sida ajal / pêpasthène mung samono / Si Wana kêrônta-rônta / kapêgatan katrêsnan / sawise layon dikubur / Si Wana rumasa lola //

bangêt anggone prihatin / wis ora bisa dodolan / jalaran dhuwite êntèk / arêp nyambutgawe liya / rumasa ora bisa / apa-apa durung tau / kajabane mung dodolan //

sajêrone mikir-mikir / Wana wêruh ana gombal / sumlêmpit galaring ambèn / ketoke nyêpêti mata / mula arêp dibuwang / wasana barêng dijupuk / Si Wana kagèt sauwat //

sing dikira gombal kuwi / jêbul kanthong uwis kaplak / nanging isi dhuwit akèh / Wana Sêtika kèlingan / dhèk bokne durung ajal / kanthong sing wis plok iku /Kurang satu suku kata: kanthong sing wis koplok iku. karo bokne ora pisah //

Si Wana sangsaya ngrêti / yèn uwong duwe celengan / ora cêpak pakewuhe / cêkake saiki Wana / uwis bisa dodolan / malah sangsaya sêmpulur / Wana ênom wis kêpenak //

21 Têtêmon lan Pêpisahan

kambi dak sambi dodolan, kaku kidhung dak tekadi

Sinom

cêkake Wana Sêtika / wis mapan olèhe urip / saiki salin salaga / ora idêr kaya sing wis / mung bukak warung cilik / dumunung ing pinggir lurung / dodolane ya pêpak / ora ketang sithik-sithik / suwe-suwe dadi saèmpêr rèsturan //

saiki Wana Sêtika / wis kêna disêbut sugih / ananging isih kuciwa / jalaran isih prihatin / dene sing dadi ati / iya sing ana Songbanyu / susahe kaya apa / anggagas lungane kuwi / lan apa ta isih padha kêslamêtan //

nuju sawijing dina / ing warung pinuju sêpi / Si Wana lagi anggagas / gone arêp tilik malih /mulih. krungu suwara lirih / Si Wana kagèt anjumbul / banjur mêtu grawalan / akanthi bêbêging ati / mêthukake dhayohe sing lagi têka //

Badhe kasambêtan.

--- 1002 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Kawontênan ing Lubuklinggo

I

Garèng : Mulane wong kuwi aja sok kumalungkung, dupèh wis nganggo pantalon, krahe dhobêl ngadêg, dhèsine nglawèr, kathik sêpatune kiyèt-kiyèt, sajak durung dibayar kae, wah, anggêpe banjur kaya kangjêng tuwan kontoleyur. Malah nèk ana Walônda, anggone ngomong Jawa digawe kaku, kuwatir nèk ora diarani Lônda. Ambok eling, kanggone wong Jawa mangganggo cara Walônda kuwi, ing sarèhne pawakane cilik, bêgja-bêgjane rak mung diarani: kaya sinyo... Rêbo.

Petruk : Wis, wis, Kang Garèng, ana kok banjur mêlèh-mêlèhake sing iya-iya mangkono. Aja sok maido nyang wong kang nêdya ambudidaya marang undhake drajate, Kang Garèng. Wong nganggo pantalon, banjur digagah-gagahake, dibrêgas-brêgasake, dilandak-landakake, kuwi karêpe rak supaya olèh pangaji-aji. Apa manèh ana ing Batawi kene, Kang Garèng, yèn kowe manganggo cara Walônda, sanajan rupamu kaya wong ilang, nganti pangling ... sing momong, lho, kuwi kowe nyengklaka: motor, opêlèt, tutawautawa. dhilman, si supir utawa kusir bisane mung muni: yah, tuwan, utawa: baik, tuwan, nanging yèn kowe isih manganggo cara Jawa, sanajan rumasamu wis brêgas kaya... ndara dana, yèn kowe arêp nunggang motor utawi dhilman, gampang anggone bakal diwangsuli: mau kasih brapah, mas. Hara, apa atine ora banjur mak pêngkêrêt bae.

Garèng : Iki salahe bangsane dhewe, Truk, awit anggêre pangkate rada mêthangkring sêthithik, blanjane rada ombèr sawatara, apa manèh rada bisa: nat-nit, nurlêg-nurlêg, ngono kae, iya banjur nganggo cara Nyo Wèlêm. Mulane wong-wong bôngsa liya, anggêre wêruh wong Jawa sing isih ngugêmi panganggone dhewe, iya ngarani: wong Jawa bôngsa karo têngah sèn loro, karêpe: wong Jawa bôngsa asor. Darajate mung: mas, bae. Jajal, wong Jawa sing padha gagah-gagah, sing pangkate mêthongkrong, blanjane sagrobag, padha krêsa ngagêm cara Jawa, tak tanggung, Truk, drajate bôngsa Jawa mêsthi banjur: kêthèpèl-kêthèpèl, tumuli têkan usuk, awit ing Batawi kuwi akèh wong Jawa sing pangkate rada: mangkruk-mangkruk.

Petruk : Wayah, Kang Garèng, prakara panganggo iki ora kêna dipadu, awit panêmune

--- 1003 ---

uwong kuwi mêsthi beda-beda, mêngko rêmbuge mundhak saya rete-rete bangêt. Saiki aku tak ambanjurake caritaku ing bab kaanane kaum kolonis sing kanggo Lubuklinggo kuwi.

Kaya sing wis tak kandhakake ing ngarêp, samêdhune saka sêpur wong-wong kolonis padha diunggahake ing oto bis, nganti pirang-pirang jinah oto bis, Kang Garèng. Hla, saiki aku tak nyaritakake sathithik mungguhing awakku. Kala samono barênganaku, kajaba kaum kolonis, ana antênar Walônda lima, yaiku: kontrolir pangrèh praja ing Lubuklinggo, kontrolir sing saka Batawi loro, kontrolir panggêdhene kolonisasi, lan ana kontrolir siji manèh sing kuwajiban ngurus kolonis. Dhoktêre siji. Kajaba iku, ana sawatara antênar-antênar bangsane dhewe, nanging panganggone grès cara Lônda, Kang Garèng, mung bae lêngênane ana kluwêr-kluwêre, lan padha ngagêm pèt, ana lètêr W. ne sarêmpèyèk-sarêmpèyèk. Antarane antênar-antênar mau, ana sing disêbut: tuwan pangeran, lan uga ana sing disêbut: tuwan dhepati.

Garèng : Wèh, sêmune pangkat-pangkat iki, nèk ditêmokake karo pangkat-pangkat ing tanah Jawa, bisa cêki, Truk, sabab, tuwan dhepati kuwi mêsthine nèk ana ing tanah Jawa: kangjêng adipati, dene: tuwan pangeran, mêsthine iya: kangjêng pangeran.

Petruk : Ing sakawit mula iya tak arani cara kowahe, kêna kanggo cêki karo pangkat-pangkat ing tanah Jawa. Mulane barêng aku liwat ana ing ngarsane, anggonku ngèrèki iya kanthi andhap-asor bangêt kae. Nanging barêng kanane mung manthuk sêthithik sajak nganggêp aku iki sêmut gatêl bae, batinku iya banjur: pring.

[Grafik]

Garèng : Hla, kuwi nèk Petruk, sok enggal mêtu bêngkauke, dupèh kanane kurang urmat, banjur sajak arêp ora mrêduli. Ora, Truk, mungguh sêbutan tuwan pangeran, utawa dhepati: kuwi nèk cara kabangsane apa.

Petruk : Jan-jane mono pangkate kuwi diarani: pasirah, yèn wis akèh labuhe nyang nagara, lan wis lawas dhinêse, lan wis warêg didukani kangjêng tuwan kontrolir, banjur kaparingan titêl: dhepati. Dene yèn wis suwe manèh, sarta kêtrima, banjur olèh titêl: pangeran.

Garèng : Mêngko sik, mêngko sik, Truk, ana kok banjur ngathir têrus-têrusan anggone ngomong, aku wènèhana katêrangan dhisik

--- 1004 ---

pasirah iki bangsane apa, apa tunggale karo: pajêg sirah.

Petruk : Hara, kok banjur cênanangan mêngkono omonge, pajêg sirah kuwi rak bangsane urunane wong cilik nyang nagara, balik, pasirah kuwi pangkat, Kang Garèng. Saupama pangkat Jawa anaa pangkat pasirah iki, kêna diarani: wêdananing glondhong. Amrih têrange, Kang Garèng, mêngkene: Kowe rak wêruh ta, pranatane paprentahan desa ing jaman biyèn, kala samono peranganing desa kuwi kêna diwijang-wijang mangkene upamane: padhukuhan, kalurahan, lan paglondhongan, nèk cara Banyumas utawa Bagêlèn, diarani: pênatusan. Padhukuhan dikêpalani dening: bêkêl. Kumpuling padhukuhan sawatara, dijênêngi: kalurahan, dikêpalani dening lurah. Dene kumpule kalurahan sawatara didadèkake siji, dijênêngi paglondhongan utawa panatusan, sarta dilurahi dening glondhong utawa pênatus. Hla, kumpuling panatusan sawatara didadèkake siji, kuwi nèk cara tanah Palembang kêna diarani: marga. Hla, sing manggêdhèni marga iki kang diarani: pasirah. Ing sarèhne nglurahi glondhong utawa pênatus sawatara, mulane ing ngarêp banjur tak arani: wêdananing glondhong mau.

Garèng : Mêngko sik, Truk, aku tak takon dhisik, nèk mêngkono pangkat pasirah kuwi iya rada priyayi gêdhe, pangkat iki apa iya dibênum kaya: ndara dana-ndara dana kae, lan bêlanjane kabare pira, Truk.

Petruk : Bab kalungguhane pangkat pasirah, kêna diarani: raja cilik-cilikan, Kang Garèng, malah anduwèni bangsaning: patih barang, ya kuwi sing disêbut pêmbarab.

Garèng : Iki gênah-gênahe nèk cara Jawa mono: pêmbarêb, yaiku: anak sing tuwa dhewe, dadi tumrape ing desa iya banjur dianggêp: têtuwane utawa: pangarêpe wong-wong kabèh. Pantêse: pêmbarap iki, yèn bêndara pasirah kabênêr lagi tindakan, iya dhèwèke kuwi sing makili.

Petruk : Bênêr, Kang Garèng, bênêr, mulane mau tak arani bangsaning patih, sabab ora beda karo patih sok makili bupati, pêmbarab mau iya sok makili pasirah. Dene dadine pasirah mau, caranasarana. pilihan, dadi ora beda karo lurah. Sauwise lagi nômpa bêsêlit saka pamarentah. Pangkat pasirah iki, anjupuk kandhidhat wong sing pêng-pêngên, darah, lan sing akèh lêlabuhe marang nagara. Tur pangkat iki iya turun-maturun nyang anak putu, Kang Garèng, mungguh blanjane, iki anjupuk saka prêsenaning pajêg para bawahane.

Garèng : Wèh, aturane mono mèh padha bae karo lurah ing tanah Jawa kene, mung bae pasirah iki, kêna diarani: lurah... ningrat.

Petruk : Lan panguwasane mula iya gêdhe têmênan, Kang Garèng, nanging bab iki samene bae. Saiki tak banjurake caritaku ngarêp.

--- 1005 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrta-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

[Grafik]

Angsal Bintang Tanjung (Ridder M.W.O) sampun 35 taun. Inginggil punika gambaripun Kopral Djawikromo punapadene bojonipun, nêmbe-nêmbe punika dipun paargya dening para pangagêng militèr ing Bêtawi anggèning angsal Bintang Tanjung laminipun sampun 35 taun.

Grobag motor lan sêpur sami pêrang tandhing. Dèrèng dangu punika ing haltê Cibangkong (Priangan) wontên grobag motor tumbukan kalihan sêpur, jalaran pun sopir botên sumêrêp bilih wontên sêpur dhatêng. Motoripun ing perangan ngajêng risak babar pisan, sopiripun nandhang tatu sawatawis.

Prijs f 10.000.- dhawah Pêkalongan. Wontên wartos, lotêrij arta ingkang mêntas kagêbag punika, ingkang f 10.000.- dhawah Pêkalongan. Ingkang tumbas Nyonyah Khoe Han Kie ¼, tuwan Khouw Phie Gong ¼, saprapat malih dipun tumbas bangsa Tionghoa ing Wiradesa, dene ingkang saprapat malih dèrèng kasumêrêpan.

Rêdi Cêrme kangge kêkudhung. Ing dhusun Karikolot, Kalitêngah, Kêdawong, Heuleut tuwin Trusmi, sami bawah Cirêbon, wontên têtiyang sami dipun padosi ing pulisi, jalaran nyêbar wartos lalawarolalawora. ing bab kawontênanipun Rêdi Cêrme, saha salajêngipun têtiyang wau gadhah tindak ngapusi, sarana wilujêngan tuwin danadriyah.

Wartos pambobotdalêm Rajaputri Juliana. Miturut wartos ingkang dumugi ing tanah ngriki, kintên-kintên benjing wêkasaning wulan December utawi langkung sakêdhik, Rajaputri Juliana ambabar.

Bab tanêman kapas. Ingajêng sampun kawartosakên wontên bangsa Jêpan ahli tanêman kapas dhatêng ing tanah ngriki, pêrlu nyatakakên bab punika. Miturut katrangan saking tamu wau, bab tanêman kapas punika pancèn angèl, tumrap tanah ngriki ingkang dipun garap sae namung ing pasitèn têlês. Umumipun kêbon-kêbon kapas ing tanah ngriki, sanadyan pasitènipun subur, pinanggihipun dèrèng sae tinimbang sanès-sanès nagari.

Pindhahan saha têtêpan patih. R. Dradjat Soerohadisoebroto, patih ing Bojonêgoro, pindhah dhatêng Nganjuk. M. Notoprawiro, patih ing Mojokêrto, pindhah dhatêng Bojonêgoro. R. Prijambada, wêdana ing Papar, dados patih ing Mojokêrto.

Lampah-lampah tindakdalêm K.T. Ingkang Wicaksana wontên Surakarta. Miturut wartos, tindakdalêm K.T. Ingkang Wicaksana ing tanggal 22 Sèptèmbêr ngajêng punika. Sarawuhdalêm ing Sêmarang dipun papag utusan saking Surakarta, B.K.P. Hangabèi, tuwin utusan saking Ngayogya, B.P.A. Mangoenkoesoemo, salajêngipun utusan wau andhèrèkakên têdhakdalêm dhatêng tanah Karajan Jawi. Têdhakdalêm mangagêm pêthak, nitih sêpur N.I.S. mirunggan. Sarawuhdalêm ing Surakarta, sasampuning dhahar ing dalêm gupêrnuran, lajêng dhatêng griya sakit Zending ing Jèbrès. Dintên ingkang kaping kalih têdhak dhatêng Ziekenzorg tuwin salah satunggiling Batikkerij. Tanggal 24 têdhak Ngayogya.

Hotèl dipun angge sanatorium. Wontên wartos, Badhotèl Sanggariti, kaprênah sanginggilipun Batu, Malang, ing sapunika sampun dhawah ing panguwaosipun S.C.V.T. Hotèl wau lajêng badhe dipun ewahi dados sanatorium.

Pabrik gêlas ing Padang. Kala dintên Kêmis kêpêngkêr, atas namaning I.M.I.W. ingkang dipun sarirani dening burgemeester, sampun kalampahan ambikak pabrik gêlas ing Padang. Kathah sangêt ingkang migatosakên sami anjênêngi.

Ngubur mayit pêtêng. Ing tatananing papriksan mayit ing Garut taksih têtêp tumindak. Nanging tumrapipun têtiyang ing laladan ngriku kathah ingkang botên ngèstokakên. Malah kêlampahan mêntas wontên tiyang 19 sami kapriksa ing Landgerecht jalaran ngubur mayit botên lapor dhatêng ingkang wajib. Mayit kados makatên punika dipun wastani pêtêng.

Pamulangan luhur pangadilan. Lulus candidaatsexamen kapisan, tuwan Moestapa Ardipradja. Lulus doctoraalexamen perangan katiga, Tuwan-tuwan M. Ali Boedihardjo tuwin F. Doornik.

Kêkirangan kênthang ing Surabaya. Ing wêkdal punika wontênipun kênthang saya kirang, tumrap bangsa Eropa ing Surabaya kathah ingkang nyuda panganggenipun kênthang.

Pacobèn papan paboyongan. Wontên wartos, sampun sawatawis dintên wontên golongan-golongan kulawarga kabidhalakên dhatêng Sawito sapalih, dhatêng Polewali sapalih, sami pasisiripun Sêlêbês sisih kilèn, saêlèr Pare-pare. Têtiyang wau kangge cobèn-cobèn ngawontênakên papan paboyongan. Bab wontêning irrigatie ing laladan Sawito dipun saèni kangge noyani pasitèn ing paboyongan ngriku. Sawito dumugi Polewali punika antawis 100 km; inggih ing pasitèn antawising papan panggenan wau ingkang sae kangge têtanèn. Ing sakawit badhe dipun tanêmi palawija saking pambiyantunipun Parentah, kajawi punika lajêng anggarap sabin.

--- 1006 ---

Darma saking Rajaputri Juliana. Kala pikramèndalêm Rajaputri Juliana tampi arta saking Bond van Inheemsche Gepensionneerde Militairen. Ing bab punika awit saking kaparêngdalêm Rajaputri Juliana arta wau kadarmakakên dhatêng Stichting Smeroefonds.

Tram ing Bêtawi. Ingajêng B.V.M. (Tram ing Bêtawi) gadhah atur badhe masang ril rangkêp ingkang nglangkungi Pasar Sênèn. Bab punika botên dipun condhongi dening para among dagang ingriku, saha lajêng gadhah atur dhatêng ingkang wajib. Miturut wartos ingkang kantun, panyuwunipun B.V.M. wau botên kaparêngakên.

Nanggulangi bêbaya saking gêgana tumrap Surakarta. Pêpatihdalêm ing Surakarta ngajêngakên usul dhatêng Bale Agung ingkang sampun dipun sayogyani dening gupêrnur, supados ngawontênakên rantaman f 2000.- ing taun 1938, kangge waragad nanggulangi bêbaya saking gêgana. Usul bab punika dipun duwa Bale Agung.

Pasar malêm ing Kudus. Benjing tanggal 30 Augustus dumugi tanggal 12 Sèptèmbêr ngajêng punika ing Kudus kawontênakên pasar malêm. Angsal-angsalanipun sadaya badhe kangge darma ngamal sadaya, kados ta Asib, paguron tuwin sanès-sanèsipun. Adêging pasar malêm manggèn ing pasitènipun Tuwan Nitisêmita.

Congrès P.P.K.I. Miturut wartos, congrès P.P.K.I. ingkang kaping XIII ing taun ngajêng badhe manggèn ing Magêlang.

Sinau jogèd Surakarta. Mr. Nataraj Vashi, ingkang sampun sawatawis dangu wontên tanah ngriki, ing sapunika wontên Surakarta, sinau jogèd Jawi Surakarta. Sinaunipun wontên Prabuwinatan. Kosokwangsulipun ugi ngajari jogèd Indhu dhatêng para bêndara. Sasampunipun punika lajêng badhe sinau jogèd Bali. Salajêngipun sawêg wangsul dhatêng Indhu.

Arta kêrtas palsu. Sampun sawatawis dintên gêdhong arta nagari ing Bêtawi nampèni arta kêrtas palsu rêgi f 10.- ciri HS 05264.

Ngèstrèni dhatêng Bali. Kawartosakên, Pangeran Paribatra ingkang nuju wontên Surabaya, salajêngipun badhe tindak dhatêng Bali, angèstrèni congrès Java-Instituut.

Rêgining wos mindhak. Miturut pèngêtan, wiwit wulan Januari kêpêngkêr, rêrêgèning wos ing tanah Jawi mandhap, dumugining Fèbruari saya mandhap. Nanging sarêng wulan Maart wiwit mindhak. Wontênipun makatên, amargi wiwit tanggal 1 April tumrap Sumatra sampun ambêtahakên wos saking tanah Jawi. Rêrêgèning wos Siam botên ajêg, mandhap minggah.

Sêsakit rajakaya ing Cirêbon. Sêsakit rajakaya ing Cirêbon sampun sirêp saking dayaning suntik. Ing salêbêtipun tigang wulan, rajakaya ingkang kasuntik wontên 15.000.

Kasangsaran motor mabur. Sampun sawatawis dintên Tuwan K.C. Schutt jr. numpak motor mabur nginggahi rêdi Cêrme, mantukipun kêpêtêngan. Sarêng mandhap wontên antawising Purwokêrto tuwin Kêsambi, motoripun kêbêsmi, Nyonyah Weber ingkang tumut numpak wontên ingriku, tiwas, jalaran kêbêsmi.

Punggawa pagantosan ingkang wachtgeld. Tilas punggawa pagantosan ingkang wachtgeld sampun wiwit wontên ingkang katêtêpakên malih, manggèn ing tanah Sabrang.

Pindhahan pangarsa Landraad. Mr. R. Soerjotjokro, pangarsa landraad miji ing Situbondo, têtêp dados pangarsa landraad ing Situbondo. Mr. Soekardono, pangarsa Landraad ing Situbondo, kapindhah dados pangarsa Landraad ing Kandangan tuwin Amuntai, Borneo.

Pabrik topèng gas. Miturut wartos, Fateru inggih punika: Fabriek van Technische Rubberwaren, ingkang nyambutdamêl sêsarêngan kalihan Mecaf (Metalen capsules Fabriek) sami ing Bandung, kanthi pambiyantuning panggaotan dagang agêng ingkang badhe nyade, kêlampahan sampun ngêdêgakên pabrik topèng gas, kangge kabêtahaning ngakathah. Ing sapunika sampun kathah ingkang mêling, rêginipun satunggal namung f 5.-.

Anjagi kawilujênganing pêksi. Ing Pulo Middelburg, kaprênah ing Sunglon Bêtawi, sabên mangsa makatên punika kathah pêksi ingkang dhatêng nusuh, nanging kêrêp dipun ganggudamêl dening juru misaya ulam, kapêndhêt tigan tuwin anakipun. Ing sapunika pulo wau dipun jagi ing pulisi, supados sampun wontên tindak kados makatên, amargi pulo wau badhe kangge papan ingkang dipun rêksa.

Arta kêrtas palsu. Nalika dintên Ngahad ingkang kapêngkêr, sèp sêtasiun Sênèn (Bêtawi) lapur dhatêng pulisi, bilih piyambakipun nampi arta kêrtas f 10.- palsu, saking satunggaling tiyang siti. Emanipun dene tiyang wau sampun botên wontên, sarta angèl dipun titik.

Nrajang karang. Sampun sawatawis dintên, kapal Pijnacker Hordijk, gadhahanipun K.P.M. nalika langkung Tanjung Sêsêlatan, sacêlakipun Halmaheira, Têrnate, ingkang nuju mlampah rikat, lampahipun nrajang karang. Awak-awakaning kapal ingkang saprapat kêjêpit karang. Kakiyataning kapal piyambak sampun botên mitulungi. Ingriku lajêng katindakakên pitulungan warni-warni ngêlongi momotan tuwin mompa toya. Sêrat-sêrat post lajêng kapêndhêt dening kapal Nora. Ngantos sawatawis dintên, kapal wau sawêg sagêd uwal, botên borot.

Nederlandsch Nieuw-Guinea Petroleum Maatschappij. Wêwakiling Nederlandsch Nieuw-Guinea Petroleum Maatschappij, Tuwan Boekenoogen sampun wangsul saking Nieuw-Guinea dhatêng Europa. Papriksan ing bab siti ing Vogelkop sampun rampung, papaning nyambutdamêl lajêng kapindhah dhatêng Nieuw-Guinea Tengah tuwin Kidul. Panggambaripun saking gêgana kangge gambar kar sampun mèh rampung. Kintên-kintên ing wêkasaning taun 1937 sampun wiwit ngêbur. Punggawanipun bangsa Eropa dipun indhaki kathah, saha sampun kathah ingkang dumugi ing Babo.

NAGARI WALANDI

Angsal-angsalaning arta ing jamboree. Ing tanggal 4 Augustus punika angsal-angsalaning arta ing jamboree wontên f 80.000.-, sami saking têtiyang ingkang ningali jamboree. Sabên dintên angsal-angsalaning arta kawadhahan ing kanthong agêng kabêkta dhatêng hoofdkwartier.

Tentoonstelling dunya ing taun 1938. Parentah nagari Walandi sampun nampèni prasabên ing bab badhe wontênipun Tentoonstelling dunya ing taun 1938 ing New York. Bab punika tumrap nagari Walandi dalah laladanipun sadaya anayogyani.

AFRIKA

Kasangsaran ing Afrika. Sampun sawatawis dintên wontên motor mabur Junkers dhawah nalika nuju mlampah dhatêng Afrika Kidul. Têtiyang ingkang kasangsaran sami angsal pitulungan têdha sarana dipun uncalakên saking motor mabur militèr Inggris. Nyarêngi punika wontên golongan lêlampah sagêd mitulungi ingkang sami kasangsaran wau.

EUROPA

Ajar-ajaran pêrang ing mangsa bêntèr. Ing mangsa bêntèr punika wadya Italie badhe ngawontênakên ajar-ajaran pêrang wontên Udine, Italie sisih lèr. Ingriku badhe dipun jênêngi dening utusan militèr saking Jerman, Hongariye, Oostenrijk tuwin Zwitserland.

--- 1007 ---

Wêwaosan

Kramanipun Prabu Wladhimir

2

Andadèkake bungahing atiku, aku ngrungu wartane sang putri iki. Saiki aku nêdya takon marang kowe kabèh, he, para pangeran, mantri bupati, apadene para prajurit. Sapa kira-kirane sing pantês tak utus sowan marang nata ing Litowên mau, prêlu anglamar Dèwi Aprasiyah.

Sadaya sami kèndêl, awit botên wontên ingkang purun ngaturi timbangan dhatêng sang prabu ing bab punika. Ing wusana Bèrmata nyuwun supados kaparênga unjuk atur malih. Mênggah aturipun makatên:

Dhuh sinuhun, kaparênga kula ngaturi rêmbag malih. Mênggahing wawasan kula, ingkang pantês kautus sowan dhatêng Nata Litowên, botên wontên sanès kajawi salah satunggiling prajurit panjênêngan ingkang nama: Dhune. Sabab Dhune punika sampun rambah-rambah dados utusaning nata, lan sampun nyumêrêpi nagari mônca pintên-pintên, tuwin malih piyambakipun sampun asring wawan rêmbag kalihan para nata. Kajawi punika Dhune wau satunggiling tiyang ingkang kathah kawruhipun, sabar tuwin sagêd nata têmbungipun. Amila mênggahing wawasan kula, botên wontên tiyang sanèsipun kajawi Dhune punika ingkang pantês kautus sowan dhatêng Sang Nata Litowên.

Sadaya ingkang wontên ing ngriku sami angawasakên dhatêng Dhune, kêpengin anyumêrêpi kadospundi ingkang dados aturipun. Sanalika punika Dhune lajêng majêng, saha munjuk dhatêng sang prabu makatên:

Dhuh, gusti pêpundhèn kula, kaparênga kula munjuk ing ngarsa nata.

Prabu Wladhimir manthuk kalihan dhawuh pangandika: Bêcik, Dhune, tumuli matura, tak rungokne.

Salajêngipun Dhune lajêng ngunjuki atur kados ing ngandhap punika:

Mênggah sajatosipun kula sampun nate ngawula wontên ing ngarsanipun nata ing Litowên, laminipun kirang langkung sangang taun. Sadangunipun punika, ingkang tigang taun kula dados wêdana kuda talipraja, tigang taunipun malih dados wêdananing para abdi ingkang ngrêksa dhaharaning nata, pungkasanipun kula ngêmungakên dados paladosipun sang nata piyambak. Lan ing ngriki kula sagêd anêksèni, bilih sadaya aturipun Bèrmata wau, mila inggih lêrês sayêktos. Mila inggih nyata, bilih sang nata ing Litowên punika kagungan putra-putri kalih, sarta kalih-kalihipun endah ing warni. Kula punika sampun asring anjajah praja ing pundi-pundi, sarta ugi sampun kathah kadhaton ingkang kula lêbêti, makatên ugi kula sampun nyumêrêpi pintên-pintên putri-putraning nata, ewasamantên botên wontên satunggal ingkang ngungkuli ayuning warninipun kalihan putri kêkalih ing Litowên wau. Kajawi punika, mila inggih pancèn nyata, bilih putri kalih-kalihipun wau, botên namung endah ing warni kemawon, nanging ugi luhur bêbudènipun, tuwin jêmbar sêsêrêpanipun. Kawontênan tigang warni ingkang utami wau, awis-awis pinanggih wontên ing satunggiling wanita. Mênggah limrahipun, wanita punika manawi ayu warninipun, inggih bodho, utawi asor bêbudènipun, dene manawi pintêr, limrahipun inggih awon warninipun. Botên makatên mênggahing putri kêkalih ing Litowên wau, kados ingkang sampun kula aturakên ing ngajêng, kawontênan tigang prakawis wau, pinanggih wontên ing kalih-kalihipun pisan. Langkung malih ingkang anèm, punika kapara nyata kenging dipun wastani: putri utama sayêktos. Ingkang punika amila kula piyambak inggih anggadhahi kayakinan, bilih Dèwi Aprasiyah punika sampun pantês sangêt saupami dados garwa panjênêngan sarta dados pêpundhènipun para kawula ing saindênging praja Ruslan punika.

Mirêng aturipun Dhune ingkang makatên wau, sang prabu sangêt anggènipun karênan panggalihipun, sarta wusananipun lajêng angandika makatên:

He, Dhune, anggonmu ngalêmbana sarta ngumbul-umbulake putri ing Litowên lorone pisan, têka koantêp têmênan, jalaran saka iku, mungguhing krêsaku, iya ora ana wong liya manèh, sing pantês tak utus sowan mênyang sang nata ing Litowên prêlu nglamar Dèwi Aprasiyah mau, kajaba kowe. Kang iku anggawaa prajurit kang kêndêl lan prawira cacahe patang puluh èwu, apadene rajabrana sacukupe, sarta tumuli pangkata mênyang nagara Litowên. Kowe aja pati-pati mulih, yèn ora bisa amboyong Dèwi Aprasiyah mau.

Sasampunipun ngandika makatên, Sang Prabu Wladhimir lajêng ngasta gêlas pangunjukanipun, dipun êsoki unjuk-unjukan anggur, salajêngipun gêlas isi anggur wau lajêng kaparingakên dhatêng Dhune. Kanthi sêmu ajrih Dhune anampèni paringipun gêlas wau, saha angguripun lajêng kaombe sanalika punika. Sasampunipun, Dhune lajêng umatur:

Dhuh, gusti, pêpundhèn kula. Adamêl bingahing manah kula ingkang tanpa upami, dene panjênênganipun sang prabu sampun paring kapitadosan dhatêng kula ingkang samantên agêngipun. Nanging kaparênga kula matur ing ngarsa panjênêngan. Mênggah sanyatanipun, kula punika nêdya kautus sowan dhatêng nata ing Litowên prêlu anglamar putri, botên kadhawuhan anggêpuk praja, amila kados botên prêlu, kula

--- 1008 ---

ambêkta prajurit tuwin rajabrana. Manawi andadosakên kaparêng nata, pangkat kula dhatêng nagari Litowên punika, namung badhe nyuwun kanthi tiyang satunggal kemawon, inggih punika abdi panjênêngan kinasih pun Dhobrinya. Awit piyambakipun punika taksih bôngsa darah, sarta limpat ing têmbung, kajawi punika sagêd kêkêmpalan kalihan sadhengahing tiyang. Minôngka tumpakan kula kêkalih, kaparênga kula nyuwun kapal kalih, ing salaminipun dèrèng nate dipun tumpaki ing tiyang. Lapak kalih tuwin cêmithi kalih, barang warni kalih wau sadaya kêdah taksih enggal, ingkang dèrèng nate dipun angge ing tiyang. Salêbêtipun kula kêkalih milih punapa panuwunan kula, kaparênga sang prabu ngasta sêrat ingkang badhe kula aturakên dhatêng nata ing Litowên, supados kula kêkalih tumuntêna sagêd bidhal.

Sang prabu lajêng ngasta gêlas malih, ingkang kaisèn anggur, saha lajêng kaparingakên dhatêng Dhobrinya, sarwi angandika makatên:

He, Dhobrinya, sanadyan kowe iku isih ênom, nanging pitayaku nyang kowe luwih-luwih. Mulane kowe aja wêdi kangelan, tak kanthèkake lakune Dhune sowan nyang nata ing Litowên, muga-muga padha pinaringan basuki lakumu iki. Lan saiki tumuli miliha jaran sapakehane pisan.

Dhobrinya enggal anampèni gêlas isi anggur paringanipun Sang Prabu Wladhimir, lan angguripun ugi lajêng kaombe, sasampunipun utusan kalih wau lajêng nyuwun pamit, saha nilar ing pasewakan ngriku, sinawang ing sadaya para pangeran, mantri bupati tuwin sanès-sanèsipun, ingkang sami andhèr wontên ing ngarsanipun sang nata wau.

II Panglamaring Ratu

Satriya kêkalih ingkang dados utusan nata wau, lajêng sami dhatêng gêdhogan ing kraton, prêlu milih kapal kalih, ingkang salaminipun dèrèng nate tinumpakan ing tiyang. Makatên ugi milih lapak kalih, tuwin cêmêthi kalih ingkang dèrèng nate dipun angge. Sasampunipun satriya kêkalih wau lajêng mangangge prajuritan, inggih punika mangangge: rasukan kêre tuwin topi ngiras topèng waja. Anggènipun mangangge makatên wau, kalihan nuntun kapalipun, kalih-kalihipun lajêng lumampah nuju dhatêng ing ngajênging kadhaton. Wontên ing ngriku utusan kalih kapêthukakên dening panakawan kraton, ingkang maringakên sêratipun Sang Prabu Wladhimir, ingkang badhe kacaosakên dhatêng nata ing Litowên. Sêrat wau kasêrat dening panjênêngan nata piyambak, sarta kaêcap mawi asma nata. Dhune anampèni sêratipun sang prabu, saha lajêng kasimpên wontên ing salêbêting kêrga. Salajêngipun satriya kêkalih wau lajêng numpaki kapalipun, kapal kacêmêthi, ingkang lajêng sami ambandhang sakiyatipun. Wontên ing jandhela Sang Prabu Wladhimir tansah amirsani bidhalipun utusan kêkalih wau, ngantos botên katingal malih.

Lampahipun utusan kêkalih wau ngantos pintên-pintên dintên laminipun. Dene kapal tumpakanipun, prasaksat tanpa anggadhahi sayah, lampahipun ajêg tansah bêbandhangan kemawon. Para utusan kakakalihkêkalih. wau anggènipun ngaso ngêmungakên manawi ing wanci dalu kemawon, dene enjingipun têrus bidhal malih, sadintên muput tanpa kèndêl. Sarana lumampah makatên, utusan kêkalih wau sampun anglangkungi kitha sarta nagari pintên-pintên. Ing wusananipun ing wanci enjing, dumugi ing kitha karajan ing Litowên. Lampahipun kalajêngakên, anglangkungi alun-alun agêng, ngantos dumugi ing sangandhapipun jandhelaning kraton. Wontên ing ngriku kalih-kalihipun mandhap saking kapalipun, lan Dhune lajêng wicantên kalihan mitra kanthinipun ingkang taksih mudha wau, kirang langkung makatên:

Rungokna, Dhobrinya, wêlingku iki, aku tak lumêbu ing kadhaton ngaturake layang panglamare Sang Prabu Wladhimir marang panjênêngane sang nata ing Litowên. Kowe ngêntènana ing kene karo nyêkêli jaran loro kiyi. Nanging kowe tansah mlakua bola-bali ana ing sangisore jêndhela. Jêndhela iki ora pati dhuwur, dadi saka kono kowe bisa ngawasake, kaanane ing sajêroning kadhaton kono. Yèn aku ana ing kono awèh sasmita, kowe tumuli enggal-enggal lumêbua. Awit iku anandhakake yèn aku ana ing sajêroning bêbaya.

Dhobrinya manthuk, nyandhak apusing kêndhali kapalipun Dhune, sarta lajêng namung amangsuli makatên: sandika. Salajêngipun Dhune nuntên lumêbêt ing kadhaton. Kadosdene ingkang sampun kacariyosakên ing ngajêng, Dhune punika sampun nate nyuwita ing ngarsanipun sang nata ing Litowên laminipun sangang taun. Amila piyambakipun mangrêtos sangêt dhatêng tatacaranipun ing salêbêting kadhaton ngriku. Kados ta: piyambakipun sumêrêp bilih ing salêbêting kadhaton dipun awisi tiyang nyêbut-nyêbut asmaning pangeran. Amila kala Dhune lumêbêt ing kadhaton wau, piyambakipun nêmungakênngêmungakên. mêndhak andhap ing ngarsanipun sang prabu, sasampunipun lajêng mêndhak ing ngarsanipun paparapara. pangeran, tuwin para mantri bupati, ingkang ing kala punika sawêg sami wontên ing pasewakan ngriku, sasampunipun rampung anggènipun atur urmat ingkang makatên wau, Dhune mêndhak andhap malih wontên ing ngarsanipun sang prabu. Sarêng sang nata uninga dhatêng pun Dhune wau panjênênganipun lajêng mèsêm, awit sang prabu botên pangling dhatêng tiyang ingkang nêmbe dhatêng punika. Dhawuh pangandikanipun sang nata:

He, tak sawang-sawang kaya Dhune kang sowan ana ngarsaku iki. Yèn aku ora kaliru, dhèk biyèn kowe kaya-kaya wis tau ngawula nyang ngarsaku lawase sangang taun.

Badhe kasambêtan.

--- 121 ---

Nomêr 31 taun II

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, Juru pangripta: Rr. Siti Mariyam. Kawêdalakên sabên Rêbo.

Sêratan (Bathikan) Cakrik Kina

Angêmpyungi rêmbag bab sêratan (bathikan) ing Kajawèn wêdalipun dintên Rêbo, ôngka 56-57, kapêngkêr. Saking panyawang kula, sampun ragi sawatawis dangu, kawontênaning bathikan ingkang corak lami gagrag kina, punika sajak kasilêp, botên kasumêrêpan sumrambah ingkang sami ngangge. Tumrapipun priyantun, bathikan kina punika, ingkang kathah namung kangge kampuh (dodot), mênggah jalaranipun bathikan cakrik kina lajêng katalip wau saking punapa, punika nyumanggakakên. Nanging sapunika sajak badhe gêsang malih, katôndha ingkang sami ngangge sinjang bathik corak kina sampun katingal kathah. Lah, pancèn ngêngrêng saèstu, ta. Mila inggih botên nama mokal.

Saèstunipun, saking pangraos kula piyambak, bathikan cakrik kina punika, sanadyan anggènipun damêl pêpêthan (gêgambaran) ingkang wujud lung-lungan, sêkar-sêkaran, pêksi, bêbujêngan wana, joli utawi krêmun, lan pêpêthan sanès-sanèsipun, punika kenging kawastanan namung gatra, têgêsipun botên mèmpêr kalihan ingkang dipun gambar. Nanging ewasamantên, sawanganipun katingal muyêg, luwês, sarta nêdahakên bilih corak Jawi dêlês.

Mila sarêng sapunika bathikan corak kina wau, ing sêmu badhe kagêsangakên malih, jêr sanyatanipun pancèn taksih kathah ingkang sami rêmên, môngka sampun katilapan pola ingkang tulèn, punika eman sangêt. Amargi sayêktosipun dumugining samangke, sampun nama ragi katalompèn, ngupados pola ingkang kina-kina, watawis ragi ngrêkaos, lir anututi layangan pêdhot, jalaran saking pola-pola kina sampun kathah ingkang sami musna tanpa tilas. Nanging sanadyan makatêna, manawi ingudi sarana kalacak, saha têtakèn dhatêng para sêpuh ingkang ahli nyêrat (ambathik) bokmanawi pola corak kina wau taksih sagêd pinanggih, trêkadhang wontên ingkang taksih simpên polanipun.

Badhe kasambêtan.

Nyai Anim.

--- 122 ---

Wêdharing Gagasan Amanah Ingkang Rêmên Dhatêng Kamajêngan Utawi Ingkang Botên Rêmên.

Manawi angèngêti ingkang botên rêmên dhatêng kamajênganipun lare sapunika, wêdalipun pangandika namung adamêl kêndhoning tumindak, jalaran ingkang badhe katindakakên tansah dipun saruwe saha dipun ceda, anggènipun botên angrujuki. Saèstunipun manawi anyarêngi kapanggih ingkang makatên wau, ingkang pamanahanipun tipis lajêng kèndêl sanalika, kinintên tindakipun ingkang dipun lampahi lêpat saha kalèntu, ing wêkasan kèndêl tanpa wusana.

[Grafik]

Rara Sukapti

Dene ingkang makatên wau, manawi ingkang sampun sagêd manggihakên, inggih lajêng anglêrêsakên. Amargi tiyang botên rêmên lajêng nyaruwe saha nyeda, punika sawêg salêrêsipun. Punapa wontên tiyang botên rêmên tuwuh pangandikanipun tansah angalêm, pundi-pundia tiyang ingkang botên rêmên, têmtu mêmada saha mêmaoni, punika lêrês.

Sapunika manah ingkang sawêg rêmên dhatêng kamajêngan, manawi kapanggih pamitranipun namung tansah ngabar-ngabarakên, ingkang prêlunipun supados anyenggol anggènipun rêmên dhatêng kamajêngan, punapadene manawi angrêmbag pamanggih punika, manawi taksih wontên marginipun pitakèn, têmtu dipun lajêngakên pitakèn, ingkang ngantos cêtha katranganipun. Amargi sadaya kawruh ingkang wontên paedahipun punika, manawi kasimpên pamanggihipun mindhak botên wontên gunanipun, sagêda sumiyar sagêd dipun sumêrêpi ing ngakathah, murakabi kangge ingkang ambêtahakên, punika manawi kaulur taksih kathah sambêtipun. Mênggah pangunandikanipun lare ingkang sawêg rêmên dhatêng kamajêngan punika, manawi ingkang sagêd amanggihakên, inggih lajêng anglêrêsakên, awit tiyang sawêg rêmên angrêmbag anggèning kalêgan rêmên saha lajêng sênêng, punika sawêg salêrêsipun. Panjanging ginêming karaton kêncana, satru kaanggêp mitra, ugêr purun angrojongi anggènipun rêmên wau, punika lêrês.

Ingkang makatên wau, sawêg pamanggih kula:

Pun Sukapti.

--- 123 ---

Kawruh Warni-warni

Bab Jampi Sawatawis

Mugi katur para sadhèrèk putri. Wiyosipun, ingkang sarêng punika kula ngaturakên cathêtan pandamêlipun jampi sawatawis, nanging inggih namung sapele, inggih trimah lowung kangge ingkang têbih dhoktêr, utawi ingkang sugih putra lan balônja sakêdhik. Kados kawontênan kula, anak kula punika sadaya 9, nanging kantun wolu, lan taksih sêmruwit, dados yèn pinuju sakit ingkang kula sagêd anjampèni, inggih kula garap piyambak, awit badhe dhatêng dhoktêran, botên gadhah wanci, badhe ngaturi dhoktêr botên gadhah arta, kajawi yèn sakit saèstu, upaminipun, tipês, sarta tatu ingkang sangêt, lan sapanunggilanipun, ingkang nguwatosi, punika sampun ngantos kasèp, kêdah nuntên kapriksakakên dhoktêr.

Jampi Kecekan

Mundhuta lisah klapa satêngah cangkir, rajangan brambang kalih iji, rajangan êmpon-êmpon sakêdhik, kados ta: kunir, têmu, lêmpuyang sabangsanipun, kalihan prusi sajagung kagêrus, sadaya wau kagodhog, manawi brambang lan êmpon-êmpon sampun garing, lajêng kaêntas, kasaring nuntên kawadhahan, sapunika sampun dados, bilih kasimpên ngantos sawulan inggih kenging, namung kadhingkawis kaêngêt. Dene kanggenipun kathah, kados ta: tatu enggal tatu lami, korèng, gudhig sabangsanipun, nanging yèn nglêbêt cangkêm lan lambe botên kenging mawi prusi. Dene patrapipun anjampèni makatên: tatu utawi korèng kakumbah mawi jèr-jeran karbol ingkang tipis. Paedahipun mêjahi kruma sarta ngrêsikakên rêrêgêd, lajêng kapêtêl mawi suwekan ingkang rêsik tur êmpuk, supados garing, lajêng kaosèr-osèrana kecekan wau, mawi lar ingkang rêsik, botên susah kaprêban sampun cêkap, sakêdhap-kêdhap kaosèrana, dene manawi ngumbah karbol enjing sontên kemawon.

Bab Pilêg lan Watukipun Bayi

Bayi utawi lare alit punika adhakan sangêt kenging sêsakit pilêg lan watuk, sanajan namung sakit makatên, rèhning ingkang sakit wau lare alit, dados inggih taksih rèwèl, pramila manawi lare katawis badhe pilêg, adatipun sok asring wahing, punika sampun ngantos talompe. Dene jampinipun makatên: mundhuta wedang ingkang taksih umob molak-malik, kawadhahan wijikan utawi sanèsipun, lajêng katètèsana lisah pêthak, kintên-kintên 15 tètès, kêlukipun kasêrotna ingkang pilêg, saenipun ing wanci sontên, awit pilêg punika dhatêngipun sontên.

Dene patrapipun makatên, lare kaêmban katungkulakên toya wedang kasêbut nginggil, ngantos saicalipun kêluk, adatipun tigang sontên kemawon sampun saras. Dene yèn irungipun buntêt, kaambêtana lisah wau, nanging sampun cêlak-cêlak.

Wondene watukipun, kaombènana godhogan adas kalihan kajêng lêgi, mundhuta adas sêtêngah [sê...]

--- 124 ---

[...têngah] cangkir lan kajêng lêgi rêgi 1 sèn, kaparingana toya 1½ wijikan, kagodhog, kakantuna 1 wijikan. Manawi badhe ngombèkakên kaparingan gêndhis, manawi lare taksih nêsêp, ibunipun ugi ngunjuka, sadintên kaping 3, 1 sendhok dhahar, ugi kaping 3. Manawi dalu pijêr watuk ugi kaombènana malih.

Badhe kasambêtan.

Kula Bok Wir, ing Surabaya

Bab Dhêdhaharan

Risuliyus

Jênenipun tigan 8, pêthakipun 5, gêndhis 1 mangkok, mêrtega 1½ pon, glêpung roti 1½ cangkir, krèntên 6 sendhok. Pangolahipun: jênening tigan kaublêk kalihan gêndhis, mêrtega kaublêk piyambak, manawi sampun dipun campur dados satunggal, lajêng glêpung roti kacampurakên, lajêng dipun lètrèk wontên ing cithakan, têrus dipun pan. Manawi sampun satêngah matêng, nginggilipun dipun sukani panili saos.

Brossel

Mêrtega ½ pon, gêndhis 2 mangkok (ingkang 1 mangkok munjung, ingkang 1 mangkok malih pèrès), glêpung têrigu 5 mangkok, tigan 4. Ingkang 3 namung jênenipun, ingkang 1 malih sapêthakipun, lan rajangan amandhêl. Pangolahipun: mêrtega, gêndhis dipun ublêk ngantos pêthak. Manawi sampun galêpung lan rajangan amandhêl kalêbêtakên, lajêng jênening tigan 3 lan 1 malih sapêthakipun, lajêng kalêbêtakên ing cithakan, ing têngah dipun sukani panili pla.

Amandelkukyes

Amandhêl ½ pon, mêrtega ½ pon, gêndhis ½ pon, glêpung trigu ½ pon, jênenipun tigan 6 iji, sitrun oli 1 sendhok, pangolahipun: amandhêl dipun rajang lajêng dipun wor kalihan gêndhis. Mêrtega dipun ublêk ngantos pêthak, lajêng jênening tigan kalêbêtakên kalih-kalih. Manawi sampun lajêng rajangan amandhêl kalêbêtakên, lajêng sitrun, oli lan galêpungipun.

Klapperkuk

Mêrtega 2 sendhok, gêndhis 3 à 2, parudan kalapa 8 sendhok, tigan 5 lan panili, glêpung trigu 9 sendhok. Pangolahipun: pêthaking tigan dipun ublêk ngantos pêthak, lajêng dipun campuri mêrtega lan gêndhis. Nuntên dipun campuri klapa lan galêpung trigu wau. Manawi sampun lajêng dipun lêbêtakên conthongan godhong ingkang lancipipun dipun bolongi, lajêng dipun lêbêtakên ing blèg ingkang dipun saput.

Weens gebak

Bubukan gêndhis ½ pon, mêrtega ½ pon, glêpung 1 pon, sodhah 1 sendhok, panili sokadhê 1. Pangolahipun: mêrtega lan gêndhis dipun ublêk ngantos pêthak, lajêng dipun sukani sodhah, panili, lajêng dipun sêmprot ngangge sêmprotan, nginggilipun dipun sukani sokadhê, lajêng kaêpan.

Pun Surtinah Majakêrta.

--- [1041] ---

Ôngka 65, Stu Lê, 7 Jumadilakir, Ehe 1868, 14 Agustus 1937, Taun XII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1009] ---

Ôngka 65, Stu Lê, 7 Jumadilakir, Ehe 1868, 14 Agustus 1937, Taun XII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining Kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Aji Côndhabirawa -Radèn Mas Margana Jaya Adikusuma - Kawontênan ing Tiongkok - Pandhu Tanah Ngriki dumugi Nagari Walandi - Kawontênan ing Lubuklinggo - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Sukasarana, Sumantri tuwin Prabu Arjunasasra.

Sami-sami pangothak-athik, tumraping bôngsa Jawi, manawi nyandhak dhatêng pawayangan, punika antêpipun sajak yêktosan, awit wontênipun ing raos mapan. Wontênipun makatên, saking gadhah kapitadosan, bilih jagading pawayangan punika pinanggih dados gêgambaraning gêsanging tiyang wontên ing donya punika.

Ing Kajawèn ngriki ugi sampun kêrêp ngêwrat bab babagan wau, ingkang pikantukipun sagêd adamêl jêmbaring wawasan. Ing sapunika ing pangungsêt ngriki badhe ngoncèki kajênging Sukasarana, Sumantri tuwin Prabu Arjunasasra.

Tumraping anggagapi babagan makatên punika, mênggahing pangungsêt, inggih kêdah kapêndhêtakên saking tata kêlairan. Mênggahing tata kêlairan wau sagêdipun lumèrèg dhatêng batos, namung miridakên saking lêlabêtan, kawontênan tuwin wêwatêkaning ringgit, awit inggih tigang bab wau ingkang sagêd dados sêsambêtan.

Nanging sajatosipun inggih gawat, awit ingatasing pamawas, punika asring balero dening pamawas wau namung kandhêg wontên ing lair, anggèning nginggahakên ingkang raosipun sampun muluk, inggih namung muthêk wontên ing lair, upaminipun metani wêwatêkanipun Radèn Sumantri, punika tumraping umum sami angajêngi têtêping kautamènipun. Nanging lajêng wontên panggrayang, bilih wêwatêkanipun Radèn Sumantri punika botên mulus, dene mawi purun ambobot lumawan pêrang dhatêng Prabu Arjunasasra.

Ing ngriku mênggahing panggrayang, lajêng katingal, bilih ingkang dipun rêmbag punika babagan lair, awit lajêng mêndhêt pathokan kautamèn tatanan ing kalimrahan, inggih punika ingkang dipun wastani kalairan. Môngka sampun cêtha, sae-saening tata kalairan, punika botên sagêd uwal saking awon lan sae. Têgêsipun sabên sae, inggih wontên awonipun, dados namung ubêngan kemawon, nanging saupami dipun inggahakên, lêlabêtanipun Radèn Sumantri, têtêp botên ewah, nama sampun rampung. Nanging kanthi ngèngêtana, lèrègipun dhatêng kabatosan kêdah mapan.

Samantên rumiyin, Sabtu ngajêng kemawon wiwit nyuraos Sukasarana.

Cêkruktruna.

IDU KÊCAH-KÊCUH, ORA MUNG KURANG PANTÊS DISAWANG BAE, NANGING IYA DURAKA GÊDHE, AWIT GAWE SUMÊBARE BASIL T.B.C.

--- 1010 ---

Raos Jawi

Bab Aji Côndhabirawa.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 64.

Radèn Narasoma ngandika: Yèn wêtuning gêtihmu abang mangkono harak mung aran lumrah, durung ana pratandhane pandhita utama. Sang bagawan lajêng ngêdalakên êrah pêthak, arum angambar gandanipun, ngèbêki pratapan, nanging dèrèng pêjah, malah cahyanipun sumunar andiwangkara, Radèn Narasoma ngandika: si bapa têka ora mati, sing diêntèni apa. Sang bagawan matur: O, radèn, mila kula dèrèng sagêd pêjah, amargi kula gadhah aji Côndhabirawa, manawi anggèr kêrsa kula aturi ngagêm, agêng dayanipun, kenging kangge nyirnakakên satru sêkti. Sang rajaputra purun, lajêng winisik aji Côndhabirawa, sampun widagda. Sang bagawan lajêng dhawah pêjah, kunarpanipun gumilang-gilang angujwalani. Radèn Narasoma rumaos kaduwung, kunarpa badhe dipun sungkêmi, dèrèng ngantos dumugi kunarpa musna, anilar swara makatên: He, Narasoma, wong utang wirang nyaur wirang, utang lara nyaur lara, utang pati iya nyaur pati, dieling, ing têmbe yèn ana ratu ambêg pinandhita, agêlung kêkêling, gêtihe putih, iku panjanmaku, yèn wis mangsane pêrang Bratayuda aku malês marang kowe.

[Grafik]

Radèn Pandhu Dewanata

Kacariyos ing nalikanipun ing nagari Mandura wontên sayêmbara pilih, Radèn Narasoma ugi tumut anglêbêti, nanging botên kapilih, ingkang katampèn rajaputra ing Ngastina Radèn Pandhu. Sarêng Radèn Pandhu mantuk amboyong Dèwi Kuthi, wontên ing margi kacêgat dening Radèn Narasoma, Dèwi Kunthi kapundhut, Radèn Pandhu botên suka, satêmah pôncakara, dangu-dangu Radèn Narasoma kasoran, lajêng matak aji Côndhabirawa, sami sanalika mêdal ditya kêkalih nanggulangi Radèn Pandhu, nanging kawon, ditya kalih pêjah, lajêng gêsang malih dados kathah, Radèn Pandhu miris, lajêng lumajêng. Palajêngipun dèrèng ngantos têbih katungka rawuhipun ingkang rama Mahaprabu Krêsna Dwipayana, ingkang tansah mêmanuki lampahipun ingkang putra, Radèn Pandhu kadhawuhan wangsul mapagakên mêngsah, nanging mopo, ajrih dhatêng mêng- [mêng...]

--- 1011 ---

[...-]

[Iklan]

sah ingkang botên kenging pêjah punika, ingkang rama dhawuh botên susah ajrih, awit punika namung aji-aji, manawi Côndhabirawa dhatêng sampun ngantos dipun munasika. Malah prayogi angêningakên cipta, mêmuji rahayuning mêngsah. Radèn Pandhu mituhu, lajêng wangsul cangkelak. Côndhabirawa enggal anyandêr, tandangipun sumêngit, Radèn Pandhu angêningakên cipta kados sapiwêlingipun ingkang rama, Côndhabirawa saya dangu saya tutut, badanipun kados kapuk dipun wusoni, ngalumpruk tanpa bayu, wangsul dados ditya alit malih, lajêng wangsul dhatêng Radèn Narasoma. Badhe kasambêtan.

Ki Darmaprawira.

--- 1012 ---

Radèn Mas Margana Jaya Adikusuma

Sambêtipun Kajawèn nomêr 63

Kala kawontênakên konpêrènsi Jêpan-Walandi, ing taun 1934 ing Batawi, Radèn Mas Margana dipun biyantokakên dhatêng golongan wêwakil Walandi. Ing ngriku panjênênganipun angsal panganggêp tuwin dipun aosi dening satunggiling ahli Ekonomi linangkung, pantês panjênênganipun dipun kanthi wontên ing kalanganing nagari-nagari umum. Inggih kawontênan punika ingkang anjalari wênganing margi tumrap panjênêngnipunpanjênênganipun. dhatêng padamêlan ing Ministerie van Kolonien.

[Grafik]

Konpêrènsi ing Bandhung nalika badhe adêgipun Moeder-Centrale ingkang kapilih dados pangarsa R.M. Margana (X).

Ing ngriki prêlu nyariyosakên tumindakipun damêl bab punika. Babagan kopêrasi punika wigatos sangêt kangge ngajêngakên têtiyang siti, makatên ugi jalaran saking sampun sumêbaring asmanipun Radèn Mas Margana, tumraping ngakathah sampun botên tidha-tidha malih. Salajêngipun Radèn Mas Margana dados pangarsaning Moeder-Centrale Coöperatie. Mênggah wohing padamêlan ingkang dipun tindakakên punika katingal, lajêng sagêd ngawontênakên kopêrarikopêrasi. pusêr kangge ngayomi kopêrasi alit-alit, saha kêlampahan sarêng ing taun 1935 kopêrasi pusêr wau sagêd ngadêg 10 panggenan, inggih punika ing Bêtawi, Sukabumi, Bandhung, Ciparae, Garut, Tasikmalaya, Banyumas, Sragèn, Surabaya tuwin Madura. Kopêrasi pusêr wau ngangkah sagêdipun mêntas saking badanipun piyambak. Ing sakawit minôngka pikuwating kopêrasi pusêr punika kanthi angsal pitulungan arta f 50.- dumugi f 100.- ing sabên wulan. Namung tumrap pusêr Surabaya tuwin Malang sampun sagêd mêntas saking badanipun piyambak, saking wiwit mila.

Tumrap têtiyang siti rêmên sangêt ngêdêgakên verbruikscoöperatie, saya nalika sawêg wiwitaning jaman malèsèt, ing tanah Jawi kemawon botên kirang [ki...]

--- 1013 ---

[...rang] 2000 panggenan, nanging ingkang kacathêt namanipun dening ingkang wajib namung sakêdhik.

Nanging verbruikscoöperatie punika ugi kathah ingkang lajêng pêjah, nandhakakên bilih botên subur gêsangipun. Beda kalihan crediet-coöperatie kathah ingkang widada adêgipun.

Dumugining wêkasanipun taun 1935, pawitanipun crediet-coöperatie ingkang kacathêt, wontên f 433.855.-, wradin-wradinipun ing sabên sakopêsisakopêrasi. f 1446.-, arta pawitan wau ingkang kathah saking simpênanipun para warganing pakêmpalan. Pawitan ingkang asli sambutan saking tiyang sanès namung f 16.127.-

Kintên-kintên ing têngahaning taun 1935 kantor Adviseur voor Volkscredeitwezen en Coöperatie pindhah saking ngastaning dhepartêmèn pangrèh praja dhatêng dhepartêmèn Economische Zaken. Pindhahipun babagan padamêlan punika malah langkung mikantuki, dening sagêd gêgayutan kalihan pakaryan kawêkêlan, têtanèn, punapadene suka katrangan babagan among dagang.

Ing tanggal 23 Dhesèmbêr 1936 dipun êdêgakên Moeder-Centrale Coöperatie, ingkang dipun dadosakên pangarsa Radèn Mas Margana. Mênggah kajênging bêbadan punika supados sawarnining arta pawitan ingkang dipun lampahakên dening kopêrasi wau sagêd dipun kalêmpakakên dados satunggal, tuwin supados Moeder-Centrale wau sagêd tumut nyambut damêl ngrimat arta tuwin suka sambutan dhatêng pusêr punapadene dhatêng sanès.

[Iklan]

Dèrèng dangu, pakêmpalan kopêrasi ngrimat tuwin crediet kathah ingkang dipun êdêgakên dening golongan wanita tiyang siti, tumindakipun sagêd sae. Kajawi punika kathah lumbung pantun ingkang dipun dêgakên, inggih punika ing Ciparai, Sragèn, Blitar, Lumajang tuwin Sidaarja. Lumbung-lumbung wau wontên wolu ingkang dados gadhahanipun pakêmpalan: rukun tani, ingkang dipun adani dening Parindra ing Surabaya. Cêkakipun, babagan padamêlan punika wohipun saya mindhak-mindhak saha mikantuki dhatêng ngakathah.

Andharan ingkang minôngka katrangan sêsambêtanipun kalihan Radèn Mas Margana kapunggêl samantên kemawon. Ing mangke prêlu kapratelakakên, anggèning Radèn Mas Margana kapiji ing damêl wontên Ministerie van Koloniën laminipun sataun. Bidhalipun dhatêng nagari Walandi kala tanggal 11 wulan punika.

Ing pamuji mugi tindakipun ngantos dumugining nagari Walandi sampun kirang satunggal punapa, tuwin ing pangajêng-ajêng dumugining wangsul dhatêng tanah ngriki sagêda nyêbar wawasan ingkang mikantuki dhatêng kamajênganing tiyang siti. Amin.

--- 1014 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Tiongkok

Kawontênaning paprangan ing Tiongkok sanadyan dèrèng rêrêmpon yêktos, nanging sêsulakipun sampun ngantawisi bilih sarwa sumadhiya badhe yêktosan, namung kantun ngêntosi kalamangsanipun kemawon.

Sarêng pinanggihipun ing Tiongkok saya katingal sumadhiya, pusêring pabarisan Jêpan ing Opèi wetan lajêng dipun ingêr wontên ing Pèiping. Kajawi punika pangagêng Jêpan tuwin têtiyang mardika bôngsa Jêpan ing Sungking, ing Isang tuwin ing Sangsi, lajêng sami ngungsi dhatêng Syanghai. Têtiyang èstri tuwin lare-lare sami bidhal dhatêng Hanko utawi Syanghai. Kajawi punika tumrap têtiyang ing sanès panggenan ugi sami pados pangungsèn piyambak-piyambak. Ewasamantên ugi wontên sêsulak awon sae ingkang tuwuh saking Jêpan, inggih punika pangantêp, nêmpuh saindênging Tiongkok, punapa rukun. Pangantêp makatên punika, pinanggihipun namung gumantung ingkang nampèni.

Nanging manawi mirid saking sêsulakipun, Tiongkok tansah animbangi sêrêng, tôndha yêktinipun, Jendral Syang Kai Sèk sampun mêdhar sabda dhatêng para pangajêng militèr, nêtêpakên supados sadaya bôngsa Tionghwa kêdah sadhiya, labuha dhatêng nagari. Malah miturut katrangan saking Syanghai tuwin Nanking, para pangajêng militèr Tiongkok, sabên dintên sampun sumadhiya ing Nanking, samôngsa wontên damêl paridamêl lumawan Jêpan, kantun nêmpuh kemawon. Malah kêkêncênganipun Jendral Syang Kai Sèk, sawarnining wadyabala badhe dipun senapatèni piyambak.

Anggèning merang damêl Jendral Syang Kai Sèk: 1. Tumrap gupêrnur ing Santung, Hanpicu, samôngsa wadya Jêpan minggah dharatan ing Cingtao, lajêng dipun tanggulangana. 2 Tumrap gupêrnur ing Sènsi, yèn sisan, kadhawuhan ngêpang wadya Jêpan ing Pèiping tuwin Tinsin, kabiyantu saking Sansi tuwin Suwiyuwan. 3. tumrap gupêrnur ing Sècuwan, Liyusiyang, ngangsêga kanthi wadya kalih dhepisi dhatêng lèpèn Huwangho. 4. Tumrap komisaris ing Kwantung, Yuhènmo, ngayomana pasisir Tiongkok sisih kidul. 5. Tumrap gupêrnur Kwangsi, Licungyèn, anjagia kasantosanipun margi sêpur ing Tiongkok sisih kidul. 6. Tumrap gupêrnur ing Yunan, Lungyun, ngayomana bètènging wadya pusêr ingkang wêkasan.

Mirid tatanan ingkang kados makatên punika, lôngka sagêdipun rukun malih. Wah tumrapipun Jêpan ugi botên ngunduri anggènipun gadhah panêdha, inggih punika: 1 badhe ngêdêgakên paprentahan Tiongkok ingkang dipun ayomi dening Jêpan wontên ing Opèi-Kahar. 2 Jêpan botêtênbotên. prêlu supados paprentahan wau dipun akêni dening Nanking. 3. Laladan Opèi tuwin Kahar badhe sinêpênakên ing wadya Jêpan, samôngsa wadya Tiongkok dipun undurakên. 4. Wadya Jêpan badhe mundur saking kajêngipun piyambak kanthi lon-lonan saking Tiongkok lèr dhatêng Mansukuo, ingkang akajêng botên badhe nêrak kamardikanipun Tiongkok. [Tiong...]

--- 1015 ---

[...kok.] Kajawi punika Jêpan ugi gadhah panêdha dhatêng Tiongkok ngawontênakên barisan sêsarêngan, kangge nyurês golongan abrit.

[Iklan]

Kawontênan ingkang kapratelakakên ing nginggil punika sanadyan nama sawêg rancangan, sampun wontên dayanipun adamêl kasamaran, awit pangrancang ingkang kados makatên wau pinanggihipun tansah nuwuhakên wêweka, ngrika-ngriki namung sarwa pasang kaprayitnan. Miturut wartos, lampahing wadya pusêr Tiongkok saya ngangsêg mangalèr, namung tindakipun Syang Kai Sèk langkung ngatos-atos kanthi tamban, mênggah kajêngipun 1 supados nagari sanès-sanèsipun sagêda ngêmori rêmbag babagan Tiongkok lèr. 2. Ngiras ngêntosi dhatênging wêlingan motor mabur saking Eropah, punapa malih dhatênging juru anggêgana tuwin prajurit manasuka saking Amerikah. 3. Angajêng-ajêng bantu saking Kwangsi. 4. Makatên ugi ngajêng-ajêng bêbantu golongan abrit cacah 200.000.

Pangajêng-ajêngipun Tiongkok ingkang samantên wau tamtunipun inggih sampun kalêbêt ing rancangan, malah ugi lajêng nêrusi, miturut wartos parentah Sopyèt Ruslan sampun miji dhatêng Jendral Blokêr supados nindakakên tatanan ngêmori damêl Tiongkok lumawan Jêpan, kajawi punika ugi badhe damêl prajanjian kalihan Tiongkok angladosi dêdamêl. Tuwin malih ugi badhe ngawontênakên prajanjian militèr tuwin ekonomi kalihan Jendral Syang Kai Sèk. Mirid kawontênan ingkang kados makatên punika, sisip sêmbiripun badhe wontên paprangan yêktosan.

--- [1016] ---

Pandhu Tanah Ngriki dumugi Nagari Walandi

Ing bab kawontênaning pandhu saking tanah ngriki ingkang badhe tumut jambore dhatêng nagari Walandi sampun dumugi lampahipun. Kados lampahing para pandhu punika tansah dados rêraosaning ngakathah, mila ing Kajawèn ngriki badhe kêrêp ngêwrat gambaripun.

Lampahipun para pandhu wau ngantos dumuginipun nagari Walandi wilujêng botên kirang satunggal punapa, sami bingah ing samargi-margi, namung wontên ingkang sakit satunggal, nanging ugi lajêng mayar, kintên-kintên badhe sagêd ngêdali ing jambore.

[Grafik]

Gambar ing nginggil piyambak, punika para pandhu sadumugining nagari Walandi sami nyawang palabuhan ing Rotêrdham.

Sisih kiwa ngandhap Hopman Ranneft kalihan para pandhu sami lumampah ningali palabuhan ing Rottêrdham.

[Grafik]

Ing nginggil tuwan Lammers têtabikan kalihan pandhu Arab saking tanah ngriki kapetang ingkang alit piyambak.

[Grafik]

Asistèn Lèidhêr Van der Veer ambagèkakên wilujêng dhatêng pandhu Mangkunagaran.

--- [1017] ---

[Iklan]

--- 1018 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Kawontênan ing Lubuklinggo

II

Petruk : Kang Garèng, sadurunge aku nyaritakake kaanane ing Lubuklinggo, luwih dhisik aku arêp anggambarake kangelan lan rêkasane wong kolonisasi kuwi. Mungguh kolonisasi kuwi, saupama dijawakake mono, têgêse kang kanthi gampangan= pindhahan. Dadi: kolonis, kuwi kêna dijawakake: wong kang pindhah nyang liya nêgara. Mara, Kang Garèng, kowe têmtune rak iya bisa, ta, anggambarake rêkasa lan kangelane.

Garèng : Nèk rêkasa sarta kangelan, kuwi wis gênah, Truk. Aja manèh nganti ngalih nyang nagara liya, lagine ngalih desa bae, wiwitane iya tobat ora ilok têmênan. Sabab, mêsthine kudu bisa: hihak, hihik, hehak, hèhèk, supaya bisa olèh têtêpungan, kudu ngrêti nyang adat tatacarane kono, lan sapadhane, cêkak aos, kudu tansah ambudidaya aja nganti dicêcênggring dening wong-wong desa kono. Luwih-luwih kudu tansah ambudidaya aja nganti diladaki... mas lurah.

Petruk : Mula iya mêngkono, Kang Garèng, lagine pindhah nyang desa bae, wis katon rêkasa lan kangelane, saya kangelan manèh yèn pindhah nyang kutha gêdhe, Kang Garèng, wiwitane mula iya, wèh, mulês nyang wêtêng têmênan, sabab lumrahe adat tatacarane ing kutha gêdhe kuwi sok beda karo kutha cilik, wong-wonge umume wêwatêkane, saikine aku bisa ngarani: pre, nanging wiwitane tak anggêp: ora ngrêti tatakrama, ora wêruh udanagara, alias: sêmbrantên. Apa manèh nalikane aku ana ing Batawi wiwit-wiwitane, wah, wis ora bêtah babarpisan, sabab rumasaku kala samono, wong-wonge ing Batawi kuwi bangsane wong Buda, anggone ora ngrêti tata babarpisan. Nanging barêng wis ngrêti têmênan, iya malah sênêng, malah krasin, sabab rumasaku banjur bisa sakêpenake kae, tanpa subasita, tanpa nganggo rikah-rikuh. Nanging wiwitane, wèh, mung kudu arêp nêpsu thok bae. Mara, pikirên, apa mèmpêr, aku arêp nunggang andhong, tak ênyang: sêmene. Lo, kuwi wangsulane: mas, kaluk ênggak bisah bayar sadho, jalan ajèh, dhèh. Mara, apa ora kêmropok atine, kala samono mèh bae tak têmpiling, tujune... aku ora wani.

Garèng : Wèyèh, nèk ora ana kanggo

--- 1019 ---

gawene kuwi ambok aja susah diomongake. Mula iya nyata, Truk, wong pindhah nyang liya panggonan, kuwi ing sakawit mula iya angèl lan rêkasa bangêt, kudu mêruhi adat tatacarane papan ing kono, kudu bisa kumpul karo wong-wong ing kono, lan sapadhane, nanging anggêr ditlatèni, disabar, ditêmên-têmênake, suwe-suwene iya mêsthi kêcandhak. Mara pikirên bae bôngsa mônca sing pindhah mrene bae, upamane bôngsa Tionghwa singkèk-singkèk kae, sêpira rêkasa lan kangelane, angèl anggone anggambarake, kaya ta: nang kanane mêsthine iya bôngsa singkèk sing mlarat bangêt, banjur têmtune kanthi rêkasa bangêt nyèlèngi dhuwit sasèn, nganti cukup digawe waragade budhal nyang tanahe dhewe kene kiyi, lan diwuwuhi sêthithik kanggo pawitane ana ing kene. Sauwise olèh dhuwit sing samono kuwi, rêkasane ora kok banjur bubar, nanging malah lagi wiwit bae, yaiku: sauwise têkan ing kene, kudu dititipriksa apa kêparêng manggon ana ing kene apa ora, yèn wis kaparêng, banjur kudu tuku karcis (toelatingskaart) kang nèk cara Tionghwane: Ongji, minôngka kanggo pikukuhe dêdunung ana ing kene iki. Hla yèn iki wis rampung, lagi kêna miwiti golèk pangan ana ing tanahe dhewe kene kiyi. Kowe wêruh dhewe, Truk, kêpriye lêlakone singkèk-singkèk mau, awit esuk anggendhong barang dêdagangane, lumaku nganti pirang puluh pal bae, prêlu ngêdol barang dêdagangane mau. Nèk sêdinane bisa olèh bathi rata-ratane sêtalèn bae, wah, wis kêna diarani bêgja. Kêpriye anggone arêp pêpayon, basane ora ngrêti, le nawak-nawakake mung: cang cung, cang cung bae, tur nèk mêtu omongane: cedhal, angguyokake. Mulane singkèk-singkèk mau, kêrêp sok dibeda bocah-bocah, malah tilas bocah sing wis brêngosên, iya mèlu anggunagawe, ewasamono singkèk-singkèk mau umume ora kok banjur: cilik atine, nêpsu, gêla, lan sapadhane, nanging tansah: sabar, tlatèn, têmên, ngati-ati, gêmi, lan sapiturute. Pungkasane: ora watara suwe banjur duwe: gêdhong, motor, malah bisa olèh nonah Tionghwa sing ayu bangêt kae.

[Grafik]

Petruk : Wayah, sing kèri iki ambok ora susah digawa-gawa, sabab jodho kuwi ora kêna kinira-kira. Wis, wis, aja ngrêmbug kana-kana, saiki ngrêmbug bangsane dhewe-dhewe bae.@Mungguh sanyatane, Kang Garèng, tumrape bôngsa Jawa, kolonisasi kuwi dudu barang anyar, dhèk biyèn-biyène [bi...]

--- 1020 ---

[...yèn-biyène] wis tumindak, kaya ta: jamane Majapait, wah, bôngsa Jawa wis padha ngolonisasi mênyang: Malakah, Singgapura, Borneo, Bali, Sumatrah, cêkake wis nyang ngêndi-êndi. Miturut caritane, jarene alihan mênyang môncanagara kuwi, wadhuh, luwih saka dening rêkasa lan kangelan bangêt. Bab prakara waragade lakune, ora prêlu dicaritakake, sabab iki prakara: sipil, Kang Garèng, nanging ana ing kanane, hla, kuwi Kang Garèng, wah, iya kangelan, iya rêkasa, iya ambêbayani, iya sangsara iya... êmbuh apa manèh. Rêkasa: sabab nêmoni kaanan anyar, kangelan: sabab kudu ambubak alas, gawe pondhok, golèk sing dipangan sabên dina, lan sapadhane. Ambêbayani: wong iya isih alas grêng, mêsthine iya isih akèh bêkasakane, kewan kang galak, ula kang mandi, kang anjalari wong-wong mau bisa dadi mangsane kewan galak, utawa bôngsa sabab dicokot ula mandi, kajaba saka iku, ambêbayani, sabab durung karuan wong-wong sing anduwèni lêmah mau rila, pungkasane padha ngarubiru lan anggunagawe marang kang padha nêka mau. Banjur sangsara: sabab wong-wong rak ora wêruh, apa papane sing kanggo alihan mau, apik hawane utawa ora, bisa uga kêdhatone: mas malariah, kêdhunge: dèn lara kolerah, lan sapadhane. Mara, apa iki ora bisa dadi sabab wong-wong padha: mlêmbung.

Garèng : Iki aku rada gumun, Truk, saiki kok banjur sêtop babarpisan, lan ingatase ana ing tanahe dhewe wis cupêt panguripane, kok mêksa arang-araarang-arang. bangsane dhewe sing gêlêm ninggal tanah kêlairane prêlu pindhah nyang papan liya.

Petruk : Sabab kakêndêlane sing samono kuwi, saikine wis lali, Kang Garèng, awit barêng kumpêni nguwasani tanahe dhewe kene kiyi, bôngsa Jawa prasaksat wis ora duwe prau manèh sing kanggo lêlayaran mrana-mrene, pungkasane: alihan nyang môncanagara tumrape bôngsa Jawa iya banjur: sê-top. Dadi kaya sing tak kandhakake ing ngarêp, bôngsa Jawa ing jaman biyèn wis kulina pindhahan nyang môncanagara kuwi, sangune kudu wani: rêkasa, kangelan, wani nyang bêbaya, wani nyang sangsara. Nanging apa sing tak wêruhi ana ing Lubuklinggo, tumrape wong-wong sing padha ngalih mrono kuwi mau, sangune wis ora patang prakara manèh, nanging kêna diarani mung saprakara, yaiku: rêkasa, thok thil. Liya-liyane wis padha anjupuk ngaso kabèh.

Garèng : Wèh, hla iki aku rada ora pati ngrêti, Truk, ana kok banjur dibêsinêh sing têlung prakara, mung dikèrèkake sing saprakara, yaiku: rêkasane bae, thok thil. Mara, ambok iya têrangna sathithik, Truk.

Petruk : Hla wong kowe, Kang Garèng, Kang Garèng, nèk diajaki omong, pikiranamu kuwi sok plêsir mrana-mrana, pungkasane, iya banjur akèh prakara sing wis tak têrangake nganti nglawèr, kithal. Ewasamono, iya bêcik, mung iya liya dina bae.

--- 1021 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKI.

Tadhahipun candu têtiyang ing tanah ngriki. Ing taun 1936 kêpêngkêr, tadhahipun candu têtiyang ing tanah ngriki malah mindhak tinimbang taun 1935. Kala taun 1935 sabên wulan 29.000 tail, kathah-kathahipun 33.000 tail. Sarêng taun 1936 mindhak sabên wulanipun dados 33.000 tail dumugi 39.000 tail.

Cobèn-cobèn damêl grabah. Pacobèn damêl barang grabah ing Banjarnêgoro sae, wujudipun nêngsêmakên, namung panyadenipun taksih dipun rekadaya murih prayogi. Manawi sagêd tumindak sae, tamtu sagêd ngêndhih padagangan barang grabah saking tanah ngamanca.

Loterij ingkang kasade ing Surakarta langkung majêng. Miturut wartos saking Javasche Bank ing Surakarta, kawontênaning loterij arta ingkang kasade ingriku sakalangkung majêng, sawatawis dintên kemawon sampun têlas.

Nyolong bayi jalaran saking kapenginipun gadhah anak. Ing kampun Jomblang, Sêmarang, wontên tiyang èstri nama Juminah mara tamu dhatêng griyanipun mitranipun èstri nama Kasmi ingkang gadhah anak sawêg umur 14 wulan. Juminah nêmbung badhe nyambut anakipun wau namung pêrlu kapengin badhe ngajak kemawon. Wusana sarêng bayi dipun sukakakên, ngantos dumugi sontên botên dipun wangsulakên. Sarêng dipun susul dhatêng panggenanipun pinanggih sêpên. Salajêngipun bab punika lajêng dipun lapurakên dhatêng pulisi.

Dipun gondhol sima. Ing bawah distrik Doro, Pêkalongan, kêrêp dipun saba ing sêgawon wanan tuwin sima, ngantos dados pajagèning pulisi. Sampun sawatawis dintên ing dhusun Purba wontên lare ngumur 15 taun nuju jagi sabin kanthi tiyang sêpuhipun, lare wau dipun sèrèt ing sima. Sarêng tiyang sêpuhipun sumêrêp lajêng jêlèh-jêlèh nêdha tulung, wusana lare ingkang dipun gondhol wau dipun culakên kanthi nandhang tatu. Salajêngipun sima wau dipun bujêng ing tiyang kathah. Lare ingkang nandhang tatu dipun bêkta dhatêng griya sakit.

Nindakakên cobèn-cobèn nyambut damêl dumugi jam kalih. Direkur Nillmij ing Bêtawi mêntas nindakakên cobèn-cobèn para punggawanipun kapurih nyambut damêl namung dumugi jam kalih, botên kados adat dumugi sontên kanthi kèndêl nêdha ing wanci siyang. Tumindaking cobèn-cobèn wau tumrap ingkang nyambut damêl katingal sakeca kemawon saha tindak cobèn-cobèn wau badhe kalajêngakên ngantos sawulan, manawi pinanggihipun pancèn mikantuki, sagêd ugi kalajêngakên makatên, malah bokmanawi sagêd ugi katelad ing golonganing kantor dagang sanès-sanèsipun. Dene wiwiting nyambut damêl jam 7.30.

Tuwan Becking dhatêng Bêtawi. Tuwan L. Th. Becking, tilas kaptin ingkang dados pangajênging lampah pados mas ing Nieuw-Guinea nuju wangsul dhatêng Bêtawi, pêrlu badhe rêmbagan kalihan wêwakilipun Ned. Nieuw-Guinea Mijnbouw Exploitatie Mij. Sarampunging pêrlu lajêng badhe wangsul dhatêng Nieuw-Guinea malih.

Blêdhosan salêbêtipun kapal. Sampun sawatawis dintên ing sajawining wêwêngkon palabuhan ing Surabaya kêmirêngan wontên blêdhosan ing kapal Manvantara. Kapal wau agêngipun wontên 8237 ton, gadhahipun Stoomvaarmaatschippij La Corona ing Den Haag. ingriku wontên tiyang 2 ingkang ical, 3 nandhang tatu. Dene karisakaning kapal pinanggih agêng. Ing wêkdal punika kapal panggèrèt gadhahanipun N.I.S.H.M. De Jong lajêng dhatêng têtulung.

[Iklan]

Ngêsat rawa. Jalaran saking rêrigêning tindak babagan kasasaran, rawa-rawa sakiwatêngêning margi ing Juwana dumugi Rêmbang badhe dipun sat. Sapunika sawêg karancang waragadipun.

Pamulangan luhur babagan agami. Kawartosakên Dr. M.C. Slotemaker de Bruine kaangkat dados rector pamulangan luhur agami. Têtêpipun wau kanthi paargyan ingkang kawontênakên ing pamulangan Salemba, Prof. Mr. J.M.J. Schepper mêdhar sabda. Pamulangan punika wontên kalih klas, murid-muridipun tiyang siti, ugi wontên sawatawis bangsa Tionghoa tuwin Walandi Indo.

Rêdi Krakatau krodha malih. Sampun sawatawis dintên rêdi Krakatau katingal krodha malih, ngêdalakên kukus ingkang inggilipun ngantos 300 dumugi 400 meter, sanès dintên ugi katingal makatên malih ingkang inggilipun nagntos 450 meter kanthi ngêdalakên kukus cêmêng. Kala rumiyin sêmburan ingkang kados makatên punika ambêbayani, amargi kathah sela-sela ingkang andhawahi kawah lajêng kawêdalakên malih dados lahar, andadosakên saya aliting pulo. Nanging ing sapunika sêmburan wau sampun botên andadosakên punapa-punapa.

Dados litnan Legiun Mangkunagaran. R. Panji Sukaswo Harjowirogo, 2e Luitenant, kaangkat dados le Luitenant ing Legiun Mangkunagaran.

Commissie kangge examen wêkasan ing N.I.A.S. Tumrap kangge examen ing N.I.A.S. ingkang wêkasan sampun angangkat commissie: Pangarsa Tuwan R.F.J. van Zeben, directeur N.I.A.S., warga sanès-sanèsipun Tuwan-tuwan: Dr. G.M. Streef, guru N.I.A.S., C.J.H. de Geus, guru N.I.A.S., Dr. J. Harkink, guru N.I.A.S., Dr. H.W. Lubberhiuzen, Dr. Moh Syaaf, guru N.I.A.S., Dr. J.A. Slot, directeur C.B.Z., tuwin guru N.I.A.S. babagan jampi, Dr. W.F.R. Essel, pangagênging laboratorium ing Surabaya tuwin guru N.I.A.S., I.T. Janzen, apotheker C.B.Z. tuwin guru N.I.A.S. babagan damêl recept, Dr. P.J. Schaar pangagêng doorgangshuis Pegirian tuwin guru N.I.A.S. Dr. I. Segall doktêr Gupêrmèn ing Surabaya, M. Dayat Hidayat, doktêr Gupêrmèn tuwin guru N.I.A.S. tuwin R. Suryatin, Hoofd-Indische Arts partikelir.

Paargyan adêging H.B.S. Sêmarang 60 taun. Ing salêbêtipun wulan November taun punika ing gêdhong H.B.S. Sêmarang badhe ngawontênakên paargyan mèngêti adêging H.B.S. sampun 60 taun. Badhe wontêning paargyan punika mawi damêl comite ingkang badhe ngulêmi tilas murid-murid lami, ugi badhe kawontênakên pèngêtan sarana ambage mêdali dhatêng tilas murid pamulangan wau, punapadene mawi ngêdalakên buku pèngêtan.

--- 1022 ---

Tamu ing congres kasêgah ringgit tiyang. Nyarêngi wontêning congres Volkenbond ing Bandung, nalika dhawahing dintên pêpanggihaning para tamu wontên Concordia, dipun sêgah têtingalan ringgit tiyang saking Surakarta. Ringgit tiyang wau botên mawi kadhapuk cariyos, namung mêndhêt pêrlu ingkang lèrèg dhatêng kabudayan tuwin kagunan, ingkang pêrlu kasumêrêpan ing bangsa ngamônca.

Para tamu congres sami papriksan kampung. Wêwakil congres Volkenbond ing Bandung mêntas tampi ulêman saking gemeente sami dipun aturi papriksa kawontênaning kampung-kampung ing salêbêtipun kitha Bandung. Tamu ingkang sami rawuh wontên sèkêtan dipun dhèrèkakên dening warganing gemeenteraad. Margi-margi ingkang dipun langkungi punika sami margi dandosan enggal, kapratelakakên cara-caraning tumindakipun damêl.

[Grafik]

Têdhak mriksani kawah rêdi Papandayan. Nalika Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana rawuh dhatêng Bandung pêrlu ambikak conferentie Volkenbond, wontên ing Bandung kêparêng têdhak mriksani kawahing rêdi Papandayan. Ing sisih punika gambaripun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana sekalihan nyonyah punapadene putrinipun kadhèrèkakên para priyantun kathah nuju mriksani kawontênanipun kawah wau.@Kajawi punika lajêng têdhak mriksani kabudidayan Sèdèp, inggih punika kabudidayan tèh ing rêdi wau, nuntèn têdhak mriksani tugu pangèngêt-èngêt pandamêlipun margi ingkang anjog kawah punika, saha têdhak mriksani sanès-sanèsipun malih.@Sasampunipun, ing wanci siyang lajêng kawontênakên kêmbul dhahar wontên ing Hoogbert-hut, ingkang dipun sadhiyakakên dening hotel Homan ing Bandung. Salajêngipun wangsul dhatêng kawah malih, lajêng nêmbe kondur dhatêng Bandung.

Tanêman enggal ing kabudidayan. Sarêng pabrik-pabrik gêndhis kathah ingkang kèndêl, kabudidayan-kabudidayan lajêng tumindak nanêm tanêman sanès ingkang kapêndhêt asilipun. Ing sapunika tumrap kabudidayan ing Surakarta tuwin Ngayogya sami nindakakên cobèn-cobèn wau. Ingkang sampun tumindak dipun tanêmi bangsaning tanêman ingkang kenging kangge goni. Ing sapunika wontên cobèn-cobèn malih nanêm tanêman ingkang namanipun Aloeritis Montana, tanêman ingkang kenging kangge lisah, ugi sampun kêtingal wohipun. Tumrap tanêman walur, panyadenipun dhatêng Jêpan.

Kaukum jalaran ngewahi nomêr loterij. Bangsa Tionghowa nama L.S.K. ing Surabaya gadhah tindak ngewahi nomêring loterij ingkang kagêbag kala wulan Juni kêpêngkêr, nomêr 37143 kaewahan nomêripun 4 kadadosakên 1, lajêng kasade dhatêng tiyang sanès. Bab punika lajêng dhawah ing tanganing pulisi, dumugining pangadilan dakwa kaukum 5 wulan.

Congres agêng Muhammadiyah. Miturut wartos congres Muhammadiyah ingkang kaping 26, badhe kawontênakên ing Ngayogyakarta, wontên ing tanggal 8 dumugi tanggal 15 October ngajêng punika. Nyarêngi congres wau ugi badhe kawontênakên tentoonstelling barang-barang, mawi angsal pambiyantu saking ingkang wajib.

Lare kêmbar gangsal. Ing kantor Burgelijke Stand ing Pamêkasan mêntas nampèni palapuraning bangsa Tionghwa gadhah anak kêmbar mêdal gangsal. Lare wau kanamakakên 1 Tjien Han, 2 Tjien Hoey, Tjien Nio, 4 Sien Nio, 5 Tjien Giok. Lare gangsal wau pinanggih sami sêgêr kasarasan.

Loterij arta badhe dipun angêngiagêngi. malih. Wontên wartos, sarèhning pêpajênganing loterij arta katingal majêng malih, Escompto gadhah usul supados dipun agêngakên, ingkang rumiyin f 300.000.- kadadosakên f 400.000.- Usul wau sampun dipun sayogyani dening parentah, saha badhe tumindak wiwit wulan Sèptèmbêr ngajêng punika. Tatananing prijs kaperang makatên: 1 prijs f 100.000.-; 1 prijs f 10.000.-; 1 prijs f 5000.-; 4 prijs f 2500.-; 10 prijs f 1000.-; 50 prijs f 300.-; 250 prijs f 250.-

Palabuhan Banyuwangi mindhak rame. Jalaran saking sampun ragi pulih lampahing padagangan, kawontênaning palabuhan ing Banyuwangi mindhak saya rame, amargi lampahing kintunan barang-barang saya mindhak tuwin kathah padagangan ingkang kakintunakên mêdal ingriku.

NAGARI WALANDI.

Ing bab anggèning tubrukan kapal Kêrtosono. Raad voor de Scheepvaart ing nagari Walandi sampun mriksa prakawis anggèning kapal Kêrtosono tubrukan. Miturut papriksan, anggèning tubrukan wau jalaran saking pêdhut kandêl, lampahing kapal Kêrtosono kêrikatan. Karampunganipun dèrèng wontên.

AMERIKA.

Pogokan ing pabrik sutra. Miturut panitipriksa, bab wontêning pogokan ing pabrik sutra ing New Jersey, New England, New York tuwin Pennsylvania, dèrèng kasumêrêpan cacahipun, namung tumrap têtiyang ingkang sami nyambut damêl ing pabrik-pabrik ngriku wontên 60.000. Dene wontênipun ingkang mogok tansah tumular.

ASIA.

Bêna agêng ing Indu. Miturut wartos saking Ranggoon, wontêning bêna ing Burma adamêl tiwasing tiyang 50. Wontên tiyang langkung 4.000 sami kecalan panggenan. Sêsambêtaning margi saking Rangoon dhatêng sanès panggenan kabênan, anjalari kandhêging lampah. Kapitunanipun miturut kawontênan ing sapunika kintên-kintên 150.000 pondsterling.

Kasangsaran motor mabur. Ing sacêlakipun sunglon Chelang wontên motor mabur Tionghwa dhawah isi tiyang 11, motor mabur wau badhe dhatêng Hongkong saking Swatow. Kapal perang Inggris Tracion sarêng mirêng tandhaning kasangsaran lajêng dhatêng têtulung. Wontên tiyang 5 ingkang sagêd kêtulungan.

--- 1023 ---

Wêwaosan

Kramanipun Prabu Wladhimir

3

Kang têlung taun kowe tak piji dadi wêdana kuda talipraja, têlung taun dadi panggêdhening para tukang ngrêksa dhêdhaharanaku, lan sing têlung taun manèh maligi mung dadi juru lêladènku. Lan salawase kuwi kowe tansah ngatonake kasêtyanmu nyang aku. Saka gêdhening panarimaku marang lêlabuhmu lawase sangang taun mau, kowe saiki tak kaparêngake lungguh cêdhak aku kene, lan ngombe anggur bêbarêngan karo aku.

Sasampunipun sang prabu ngandika makatên wau, lajêng andhawuhi salah satunggiling abdi supados amaringi sêgahan anggur dhatêng pun Dhune punika, dhawuhipun sang nata wau ugi lajêng tumuntên dipun lêksanani, sasampunipun anggur kaombe sang prabu lajêng andangu makatên.

He, Dhune, kowe aja rikah-rikuh, nanging matura nyang aku sing sablakane, mungguh karêpe sowanmu iki apa mung nêdya tilik bae, apa kowe anduwèni sêdya kêpengin ngawula nyang ngarsaku manèh.

Kanthi botên mamang Dhune nyawang dhatêng sang prabu, saha lajêng matur makatên:

Dhuh, sinuhun, mênggah sanyatanipun, anggèn kula sowan wontên ngarsa nata punika, ingkang kapisan, ngêmungakên badhe sowan prêlu ngaturakên kasugêngan nata. Ingkang kaping kalih, sajatosipun kula kautus dening gusti kula, Sang Prabu Wladhimir, nata ing nagari Ruslan. Mênggah wigatosipun, kula kadhawuhan anglamar putra panjênêngan ingkang anèm piyambak, inggih punika sang rêtna Dèwi Aprasiah.

Matur makatên wau, Dhune kalayan anyaosakên sêratipun Prabu Wladhimir dhatêng sang nata. Nanging ing sêmu aturipun Dhune ing ngajêng botên andadosakên rênaning panggalih nata. Awit sêrat wau sasampunipun katampi botên lajêng kawaos, malah kabanting ing siti. Sarwi duka jaja bang mawinga-winga, sang prabu kawiyos pangandikanipun makatên:

Aku gumun bangêt, dene gustimu, Prabu Wladhimir, kumawani utusan kowe kang mangkono kuwi mau. Apa dhèwèke ora kulak warta adol prungon, he, yèn aku isih duwe anak wadon kang luwih tuwa, kang durung laki. Aku ora rila bangêt, dene ana uwong kumawani ngrèmèhake anakku wadon kang tuwa. Sanadyana aku gêlêm anglakèkake anakku wadon kang ragil sarana anglangkahi sing tuwa, nanging ora bakal, yèn anakku mau nêdya tak olèhake karo Prabu Wladhimir, rak luwih bêcik tak lakèkake karo ratu liya, kang luwih kuwasa lan luwih jêmbar jajahane. Nyata bêgja bangêt mungguhing awakmu, dene kowe wis tau nyuwita nyang aku lawase sangang taun kanthi sêtya, saupama oraa, jalaran saka têmbungmu kang kaduk wani iki, kowe mêsthi tak tibani ukum kang abot. Yaiku: kowe tak patrapi paukuman: mlêbu ing kunjara pêtêng sarta mung mangan roti lan banyu thok bae. Kiraku, yèn kowe wis ana sawatara taun ana ing sajêroning kunjara pêtêng mau, sabanjure kowe bakal bisa luwih ngati-ati marang têmbungmu.

Pangandikanipun sang prabu ingkang makatên wau, langkung-langkung anggènipun angrèmèhakên dhatêng gustinipun, adamêl muntabing manahipun Dhune, sanalika punika Dhune ngadêg saking palinggihanipun, tanganipun srawean manginggil minôngka suka sasmita dhatêng Dhubrinya ingkang ngêntosi wontên ing sajawining kadhaton, saha lajêng agêbrag meja sakiyatipun, ngantos gêlas cangkir sami pêcah dhawah ing siti. Mirsa tandangipun Dhune ingkang makatên punika, sang prabu lajêng dhawuh dhatêng para mantri bupati tuwin para prajurit ingkang sami wontên ing ngriku sadaya, nyêpêng Dhune wau. Sadaya lajêng sami sayuk anêmpuh dhatêng Dhune. Nanging botên wontên satunggal-tunggala ingkang asikêp dêdamêl, awit miturut adat tatacaranipun ing ngriku, sintêna kemawon botên kenging lumêbêt ing kadhaton sarwi ambêkta dêdamêl. Dhune sampun prayitna, sanalika punika piyambakipun nyandhak bangku kajêng ingkang awrat, ingkang botên kiyat kaangkat ing tiyang kalih, klayan tangan satunggal kemawon, saha lajêng kaobat-abitakên dhatêng mêngsah ingkang sami nêmpuh wau. Ing kala punika para prajurit nêdya ngangkat bangku sanèsipun minôngka kangge dêdamêlipun, nanging botên wontên satunggal-satunggala ingkang kiyat ngangkat bangku mawi tangan satunggal kadosdene Dhune wau. Ing sarèhning botên asikêp dêdamêl babarpisan, amila rumaos botên badhe kiyat nadhahi pangamukipun Dhune ingkang kados banthèng kataton punika, ing wusana para pangeran, mantri bupati tuwin para prajurit, lajêng sami kaplajêng ngupados kawilujênganipun piyambak-piyambak. Lan sakêdhap kemawon kenging dipun wastani sampun botên wontên pangeran utawi prajurit malih ingkang wontên ing salêbêtipun bangsal ngriku. Wontên sawatawis ingkang taksih wontên ing ngriku, nanging sami galangsaran ing siti adus rah, sanèsipun sami lumajêng lumêbêt ing bangsal sanès kanthi nêtêgi korinipun. Ing wusana ingkang taksih wontên ing bangsal ngriku ngêmungakên sang nata piyambak, tuwin para prajurit sawatawis ingkang sami nandhang tatu sarta tanpa anggadhahi daya malih wau.

Ing ngriki botên prêlu kacariyosakên, sapintên kagètipun sang prabu nalika nguningani kadadosan ing salêbêting kadhatonipun [kadhatoni...]

--- 1024 ---

[...pun] ingkang makatên wau. Saking ajrihipun sang prabu bilih botên sande sariranipun mêsthi kataman ing meja ingkang kaobat-abitakên dening Dhune wau, salajêngipun nuntên aling-alingan ing sawingkinging meja tuwina gêmantoltuwin ngagêm mantol. kandêl, murih sagêda wilujêng saking pangamukipun Dhune wau.

Ing kala punika kori bangsal ujug-ujug kabikak saking jawi, salajêngipun wontên salah satunggiling prajurit ingkang adus rah lumêbêt mriku, sarwi kamithotholên lajêng matur dhatêng sang prabu, makatên:

Gusti, ngaturi uninga, ing alun-alun wontên satriya neneman soroh amuk, para prajurit ingkang sami jagi wontên ing kadhaton, sampun sami pinêjahan. Satriya wau tanganipun ingkang kiwa nuntun kapal kalih, ingkang têngên nyêpêng gada ingkang sakalangkung awrat. Tanpa kèndêl gada wau tansah kaobat-abitakên, sintên ingkang purun nêmpuh, mêsthi lajêng tiwas wontên ing ngriku ugi, jalaran kadhawahan ing gada wau. Tanpa wicalan kathahipun prajurit ingkang tiwas ing samangke, makatên ugi kathah para satriya, ingkang sami pêjah glangsaran wontên ing siti, tudhungipun waja rêmuk, tuwin sirahipun pêcah. Satriya wau ngancam kula sadaya nêdya kapêjahan, manawi panjênêngan nata botên nampèni panglamaripun sang nata ing Ruslan wau.

Sang prabu mangrêtos, bilih botên wontên margi sanèsipun kajawi marêngakên panglamaripun Sang Prabu Wladhimir wau, ing wusana sang prabu lajêng dhawuh dhatêng Dhune, makatên:

Kapriye manèh, Dhune, sêmune wis dadi karsaning Pangeran, yèn putraningsun wadon iku wis pancèn tinakdirake dadi garwane Prabu Wladhimir, nata ing Ruslan. Kang iku ingsun nampèni marang panglamarira mau, lan putraningsun wadon iya bakal tumuli sun sowanake marang gustinira. Ananging mitranira kandhanana aja dibanjur-banjurake anggone soroh amuk.

Dhune enggal-enggal mêdal ing jawi, saha lajêng ambêngoki Dhobrinya, makatên: Wis, wis, Dhobrinya, aja kok banjur-banjurake anggonmu mêmatèni para prajurit lan para abdine sang nata. Ingkang kuwasa wis paring pitulungan nyang kowe utawa aku. Sang putri wis kaparêngake diboyong mênyang praja Ruslan minôngka dadi garwane pêpundhène dhewe, Sang Prabu Wladhimir.

Sanalika punika Dhobrinya ugi lajêng kèndêl anggènipun soroh amuk. Kapal kalih wau lajêng têrus katuntun kabêkta dhatêng ing ngajênging bangsal prêlu angêntosi miyosipun sang putri. Dene Dhune wangsul lumêbêt ing bangsal malih sowan sang prabu, sarta lajêng umatur makatên:

Dhuh gusti, kawula sampun anglêksanani punapa dhawuh paduka, mitra kawula neneman nama Dhobrinya, samangke sampun kèndêl anggènipun soroh amuk, sarta ngêntosi miyosipun sang putri, wontên ing jawi, ingkang badhe dados garwanipun pêpundhèn kawula ing saindênging praja Ruslan sadaya.

Sang prabu botên angandika punapa-punapa, ngêmungakên lajêng dhawuh animbali para cèthi. Sasampunipun sami sowan, sang nata lajêng dhawuh makatên: He, para cèthi kabèh, sira kabèh saiki lumêbua marang kamare gustinira Dèwi Aprasiah. Nini putri tumuli siramana, busananana agêm-agêman kang sarwa bêcik lan sarwa endah. Sauwise banjur dhèrèkna mênyang alun-alun, lan banjur pasrahna marang utusane nata ing Ruslan, kang wis sumadhiya ana ing kana, wruhanira, baya wus tinakdirake ing Pangeran, yèn gustinira iku bakal dadi garwane Prabu Wladhimir, nata ing Ruslan.

Nanging ing sêmu Dhune anggadhahi samar, sarta gadhah kuwatos, bilih dhawuh pangandika nata ingkang makatên wau, ngêmu tindak ingkang nyalawados. Amila tanpa ngêntosi palilah nata, Dhune enggal-enggal lajêng lumêbêt ing kadhaton anjujug kamaripun sang putri.

Kacariyos ing kamar ing salêbêting kadhaton, ing papan pingitanipun sang putri Dèwi Aprasiah, ing kala punika sang putri sawêg lênggah piyambakan. Tanpa mirêng utawi anguningani punapa ingkang sampun kadadosan wontên ing salêbêtipun bangsal kadhaton, utawi ing alun-alun. Ing wêkdal punika agêm-agêmanipun sakalangkung prasaja, tanpa mas sêsotya punapadene agêm-agêman sanès-sanèsipun ingkang sarwa sae tuwin pèni. Rikmanipun ingkang ing kala punika namung dipun ore kemawon, sangêt sae tuwin kêtêl, ngantos kadosdene sang putri angagêm mantol.

Salêbêtipun sang putri sawêg lênggah sakeca wau, korining kamar ujug-ujug kadêdêl saking jawi, ngantos lajêng kadosdene mênga piyambak. Sang putri sakalangkung kagèt, punapa malih sarêng nguningani ujug-ujug wontên satriya lumêbêt ing ngriku. Sanalika sang putri jumênêng saking palênggahanipun, nêdya badhe lumajêng. Nanging Dhune mèsêm, ing sêmu katingal rumakêt, sarta lajêng matur dhatêng sang putri makatên: Dhuh, putri, sêsêmbahan kula, mugi sampun pisan kagungan ajrih dhatêng kula, awit kula botên nêdya awon dhatêng panjênêngan. Sowan kula ing ngarsa panjênêngan punika ngêmungakên badhe naros dhatêng panjênêngan, punapa panjênêngan krêsa krama dhaup kalihan gusti kula Prabu Wladhimir, nata ing praja Ruslan.

Mirêng aturipun Dhune wau, sang putri katingal sêmu lingsêm, saha lajêng andhingkluk. Ing wusana sang putri ngandika makatên:

Yèn aku ora kaliru kaya-kaya Dhune, satriya kang wus kawêntar mungguh ing kaprawirane. Andadèkake bungahing atiku, dene kowe têka ana ing ngarêpanaku iki. Mungguh panarimu apa aku gêlêm dadi jatukramane nata ing Ruslan, aku iki jênêng wong wadon, mung drêma nglakoni, kajaba iku, kowe nêdya tak balakani, Dhune. Sanyatane mono wis ana têlung taun lawase anggonku tansah ngimpi-impi lan nênuwun marang Ingkang Kuwasa, supaya aku iki bisa dadi têtimbangane nata ing Ruslan, iya Sang Prabu Wladhimir mau. Badhe kasambêtan.

--- 125 ---

No. 32, Taun VIII.

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI: BU-MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CÈNTRUM

RÊGANE SATAUN f 1.50, KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK.

LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN

MANGSULI LAYANG

Sri Utari c/o M. Suparwi, Karangmêngjangan 7, Pacarkêling, Surabaya. Dadia kawruhanamu, layangmu sing dhisik aku babar pisan ora tampa. Saupama aku tampaa, sanajan kasèpa, nanging rak mêsthi dakwangsuli. Wah sêdulurmu kok akèh ya, ndah kaya apa ramene yèn kumpul kabèh. Aku durung bisa nêmtokake têka orane ing Sb., yèn ana Jaarmarkt. Sri, kapan kowe kirim layang manèh nyang Bu Mar?.

Hadiyatno p/a R. Maryono, Mantri Boschpolitie, Pêngarasan, Bantarkawung. Lalayangmu pitêpungan sarta ngirimi lêlucon, aku wis tampa, bangêt panrimaku. Sukur bangêt, dene kowe bisa munggah nyang klas VI, muga-muga lêstaria anggonmu sinau lan taun ngarêp bisaa munggah nyang klas 7.

Siti Katijah lan Siti Sriwahyu lan Sumitro p/a R. Cokrosuparto, Beheerder Pandhuisdienst Ngopak, Pasuruan. Aku wis tampa layang pitêpunganmu sarta isi karangan lêlucon lan cangkriman, ora liya bangêt bungah lan panrimaku.

Im. Sy. Umar, Serang, Purbolinggo. Wah, dadi kowe mêntas plêsir-plêsir nyang Pêkalongan nunggang fiets karo kanca-kancamu, sarta wis padha ndêlok dalan anyar kang anjog ing Randhudhongkol. Kapriye Umar, dalane apik apa ora? Yèn arêp ngirimi gambar, ya kudu portrète sing dikirimake lan sing cêtha, dene yèn cliche sing dikirimake, redactie ora bisa nimbang, awit ora pati cêtha.

Romêlah p/a Harjotaruno, Parakan, Sularjo Kêbonsirih, Batavia-Centrum. Layangmu isi lêlucon wis daktampa kanthi bungahing atiku. Sularjo, aja pisan dadi atimu, tulisanmu sing ciri "Mêdharake angên-angên?" ora bisa kapacak, coba gawea crita liya, sing kira-kira anêngsêmake kanggo bocah-bocah, samono yèn kowe kobêr sarta dhangan atimu. Bangêt panrimaku dene kowe tansah mêrlokake enggal-enggal kirim layang nyang Bu Mar.

Sukiman, Surakarta. Karanganmu têmbang sinom wis daktampa kanthi bungah.

Tas, Tulungagung. ing Kajawèn kang diwêtokake nalika Sêtu buri, kowe mêsthine wis wêruh yèn gambaranmu tukang mancing kapacak, sijine ora bisa kapacak, jalaran kurang cêtha. Biyèn aku kandha, yèn gambarane bisa uga ora bisa kapacak kabèh, nanging barêng dipriksa manèh, sijine isih bisa kapacak, andadèkake sênênging atiku. Tas, yèn dhangan atimu sarta kobêr, coba corèk-corèka manèh, gawea gambar kang lucu-lucu lan anèh, nanging sing cêtha. Ibumu ngarêp-arêp bangêt.

Sudarso, Mijèn (Boja). Aku wis tampa layangmu, kang isi lêlucon, ora liya bangêt panrimaku. Nanging aja pisan dadi atimu, dene lêluconmu (bab wong mancing) ora bisa kapacak, awit wis ana layang 10 sing daktampa, kang isi lêlucon padha mêngkono iku.

Sumanto c/o R.Ng. Gitosuwignyo, Hadiwijayan, Solo. Layangmu pitêpungan wis daktampa lan aku bungah bangêt dene kowe arêp milu urun ngisèni T.B. Dene adrèse Bu Mar ing omah yaiku: Bu Mar, Gang Bungur Jawa No. 8 Batavia-C.

Sutarto p/a R.M.T. Darmohartono. Tumênggungan M.N. Solo. Bangêt sênêngku tampa layangmu pitêpungan lan sukur dene kowe sênêng maca T.B. Kapan kowe uga milu urun-urun?

Daru Sikin, Madiun. Bangêt bungahku wuwuh kêponakan saka Madiun. Lêlucon lan cangkriman uga wis daktampa kanthi sênêng.

Sanyoto Gg. Enclek IV No. 3a, Gondangdia, Batavia-Centrum. Mêsthi bae Bu Mar gêlêm ngaku kêponakan nyang kowe, sapa bae mêsthi daktampa kanthi bungah. Sukur dene kowe arêp milu urun-urun Taman Bocah.

Flasch Gordon Gondanglêgi. Aku awèh wêruh, manawa Sanyoto ing Gg. Enclek kêpengin têtêpungan karo kowe.

S. Har. Surakarta. Aku wis tampa layangmu kang isi dêdongengan lan lêlucon warna-warna. Wah anggêgirisi têmên ya Har. Tujune aku ora wêruh, saupama wêruh, rak ya banjur ketokên bae ora wani turu dhewe, kudu dikancani Mbakyu Petruk. Har, ayake kowe pintêr nggambar, coba ibumu kirimana gambaranmu, nanging ana ing kêrtas kang ora ana garise, yèn cêtha, besuk manawa bisa kapacak.

Suwarti p/a R. Intoyo, Sananwetan, Blitar. Bangêt panrimaku kokirimi layang isi karangan lêlucon.

Supiyah Bancar, post Jatirogo. Bangêt bungahku kokirimi layang pitêpungan sarta uga isi karangan lan cangkriman. Nanging coba gawea cangkriman liya manèh, yèn kowe pinuju kobêr.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar.

--- 126 ---

LÊLUCON

Padha budhêge.

Karya: "Ma, Ma, esuk-esuk kok wis nuntun sapi, apa mêntas olèh tuku?"

Darma: "Lanang, Ya!"

KaryaL "Wah, nèk ngono murah!"

Sulastri. Mangkubumèn Surakarta.

__________

Bêndara lan bature.

Bêndara: "Sin, meja kursi iku lapana."

Osin: "Dipun lap mangke rêgêd malih ndara."

Wayahe mangan Osin ora sida dicadhong, Osin ngêlih matur ndarane: "Ndara, kula nyuwun cadhong, tiyang luwe sangêt."

Bêndara: "Apa Osin, ora susah mangan, mêngko ya luwe manèh."

Japar. Suromênduran Ngayogya.

__________

Sardi: "Mut, Mut, kowe nèk zingen nganggo noten, kuwi mantêping suwara nèk dhong tiba apa?"

Sêmut: "Nèk aku sing mantêp suwarane nèk dhong tiba "Do."

Sardi: "Nèk aku kok dhong tiba "Sol."

Gêndhut: "Yah, kuwi salah kabèh. Sing mantêp dhewe kuwi ya nèk dhong tiba "Mi" kuwi kari milih bae, "mi godhog", apa "mi gorèng". Lo rak mantêp ta? Nèk tiba "Mi."

__________

Suprapto: "Li, Li, kowe saiki nyambutgawe ngêndi?"

Romêli: "Aku saiki nyambutgawe ana ing post kantoor."

Suprapto: "Lo, aku ana ing post kantor kok ora tau wêruh, apa kowe ana ing afd. telefoon?"

Romêli: "Ora, wong aku ana ing postkantor dikuwasakake anjaga pit, barêng kowe dadu juru tulis."

Sularjo, Kêbonsirih, Batavia-Centrum.

__________

SINOM.

Pamuji.

Suka sukur mring Hyang Sukma / kinarya urun pamuji / manawi wontên kang papan / ing Taman Bocah kang èdi / sukur mring mitra sami / rahab samya sayuk rukun / karya dongèng cangkriman / tanapi lucon medahi / nadyan amba cah bodho mêksa ngrumpaka //

Mugi-mugi trus widada / Taman Bocah kang wêwangi / isi piwulang mirasa / tumrap dhatêng lare sami / wêdalan ing Bêtawi / Bu Mar kang dadya pangayun / tuhu kalangkung lêbda / ngrangkani mring lare sami / titi atur yèn lêpat nyuwun aksama //

Sukiman. Purwosari, Surakarta.

GÊRMA KANG UMUK.

[Grafik]

Si Gombloh iku bocah kêmaki, lagi bae bisa nyêkêl bêdhil wis arêp mbêburu banthèng.

Kanca-kancane padha ngandhani, supaya niyate mau aja dilakoni, awit bangêt ambêbayani. Ananging Gombloh iku dhasar bocah kumênthus, yèn dipênggak malah anjarag. Bêdhile diacung-acungake mêndhuwur karo calathu mangkene: "Kêna dak bêdhil sapisan bae mêsthi matine!"

Kanca-kancane padha ngguyu krungu umuke Si Gombloh. Dhèwèke nuli lunga mung karo asuniasune. bae. Lagi bae têkan ing sapinggiring alas, wis ketok ana banthèng gêdhe bangêt, andêngèngèkake êndhase karo nyuwara lirih. Si Gombloh awake sakojur gumêtêr, banjur lêmês, bêdhil lan mimise dibuwang, nuli mlayu nêdya andhêlik, asune mêngkono uga. Ananging banthèng mau kaya macan kêluwèn, banjur ngoyak si gêrma kang umuk mau. Tujune Si Gombloh lan asune pintêr andhêlik nganti ora kawêruhan dening banthèng iku.

Bocah-bocah, coba golèkana, ana ing ngêndi Si Gombloh lan asune anggone padha andhêlik.

--- 127 ---

DONGA KANG BISA AMBADHARAKE WÊWADI

Ing jaman kuna ing tanah Arab ana sawijining wong cilik aran Umar Ngali. Umar Ngali mau wis dhudha lan ditinggali anak lanang siji aran Ali Chambyah, umure kira-kira 15 taun. Umar Ngali mau miskin, dene panguripane sabên dinane saka anggone bêburuh.

Ing nalika samana ing tanah Arab mau kêtêrak pagêblug lêlara nganti anggêgirisi. Wong esuk lara, sore mati. Sore lara, esuke wis mati. Ing wêktu iku Umar Ngali uga kêtrajang ing lêlara. Kaya apa susahe Umar Ngali barêng dhèwèke lara mau. Kang digagas mung anake bae. Awit saupama ditinggal mati mêngkono, kaya apa susahe anake, awit dhèwèke ora duwe sanak kadang lan manèh miskin.

Larane Umar Ngali saya suwe saya bangêt. Barêng dirasa-rasa yèn dhèwèke wis ora kuwat manèh, lan ngêrti yèn arêp bali marang jaman kêlanggêngan, Umar Ngali banjur ngundang anake lan banjur dikandhani: "Nggèr, Ali Chambyah, laraku kaya-kaya ora bisa waras, lan ora suwe manèh aku wis ora bisa nunggoni kowe manèh. Mula nggèr, ing sarèhning aku ora duwe bandha, kajaba mung omah lan lêmah kang dakênggoni iki, panjalukku, yèn aku wis dipundhut dening Kang Maha Kuwasa, omah lan palêmahan iki êdolên kanggo ngragadi aku, nanging aku mêkas marang kowe, sapungkurku, kowe kang ngati-ati, lan golèka pagawean kanggo panguripanmu sabên dinane. Aku ora bisa ninggali apa-apa, kêjaba donga kang unine mangkene: "Hèm, hèm saya sudhah tau." Iki donga ucapna sabên-sabên kowe arêp nindakake pagaweyanmu.

Sawise calathu mangkono mau, Umar Ngali banjur ngrangkul anake diambungi. Ora lêt suwe manèh dhèwèke bali marang jaman kêlanggêngan. Ali Chambyah barêng wêruh bapakne mati, banjur njêrit lan sambat-sambat nganti ora eling apa-apa. Barêng dhèwèke wis eling, banjur lunga pêrlu arêp adol omah lan palêmahane bapakne mau.

Kabênêran tanggane ana kang gêlêm tuku. Sawise mayite bapake diupakara apa sapêrlune, dhèwèke banjur lunga saparan-paran pêrlu ngenggar-enggar atine.

Lêt sawatara dina saka patine bapakne mau, dhèwèke banjur golèk pagawean pêrlu kanggo panguripane ing sabên dinane. Nanging dilalah ora bisa entuk, jalaran dhèwèke pancèn cotho ing tulisan. Kêjaba iku dhèwèke ngrasa yèn durung kuwagang kanggo nindakake pagawean kang abot-abot kayadene kuli liyane.

Ali Chambyah nêlangsa bangêt awit wêtênge krasa luwe, arêp jajan ora duwe dhuwit, arêp ngêmis wêdi yèn dioyak-oyak ing pulisi. Kaya apa susahe Ali Chambyah ing wêktu iku. Suwe-suwe dhèwèke kèlingan yèn nalika bapakne arêp mati, dhèwèke ditinggali donga. Ali Chambyah nalika iku banjur duwe gagasan: "Olèhe ninggali donga bapak iki pêrlune kanggo apa. Apa donga kaya mangkene iki kêna diêdol? La yèn dakêdol sing gêlêm tuku sapa, wong ora ana wujude apa-apa." Ali Chambyah rumasa judhêg anggone mikir. Suwe-suwe barêng dhèwèke ora duwe rekadaya manèh, dhèwèke nuli duwe niyat donga iku arêp diêdol ing nêgara mbokmanawa ana kang gêlêm tuku.

Ali Chambyah banjur lunga saka kono têrus nyang nêgara. Satêkane ana ing alun-alun, dhèwèke banjur miwiti adol dongane mau karo muni rada sora, mangkene: "Donga, donga!"

Ing wêktu iku wong-wong kang padha krungu banjur padha marani lan ngrubung dhèwèke. Ana salah sawijine wong kang takon: "Donga apa iku cung?" Ali Chambyah mangsuli: "Donga kangge nyambutdamêl, badhe kula sade." Ana candhake.

Amien Sumari.

CRITANE ANTÊPING JAKA

(candhake)

Mungguh kaanan kang tinêmu ing sadalan-dalan, ora ndadèkake cuwaning ati, malah ndadèkake sênênging atine. Sakiwa têngêne dalan sêpur akèh kaanan kang Sucipta durung tau wêruh, mulane tansah gumun bae.

Jam 5 sore sêpur wis têkan ing Bêtawi. Ing station, ing wêktu sêpur têka, ramene ora jamak, ana sing nawakake dêdagangane, ana kang gêguyon jalaran saka bungahe kêtêmu karo sanak sêdulur, lan uga suwara tangising bocah cilik, jalaran saka panasing

--- 128 ---

hawa. Cêkake bae ing station rame bangêt, wonge akèh.

Sarèhne Si Sucipta wis diparingi katrangan kang cêtha dening Radèn Sujana, ing bab dalême ingkang raka, yaiku kang asma Radèn Supana, kang dadi Opzichter, mulane ya banjur enggal kêtêmu.

Satêkane ing panggonan kang dijujug, kabênêran bangêt Radèn Supana ana ing dalêm. Sucipta ora matur akèh-akèh, mung ngaturake layang titipane bêndarane. Layang mau sauwise kawaos sarta wis ngêrtos kabèh mungguh sing dadi surasane, bocah mau tumuli didhawuhi lungguh sarta dipangandikani akèh-akèh, awit sadurunge ya pancèn wis dirêmbug. Ature Si Sucipta nyang bêndara anyar, mung arêp ndhèrèk sakêrsane.

Radèn Supana ngêndika, yèn Si Sucipta wis kalêbokake ing sawijining pamulangan Mulo, lan uga wis kêtampan, dene anggone miwiti mlêbu sêkolah kurang saminggu lawase. Si Sucipta bungah bangêt, barêng krungu sarta matur bangêt ing panuwune, dene Radèn Supana mêrlokake bangêt bab kaanane Si Sucipta.

Kacarita bêndarane anyar pênggalihe ya padha karo Radèn Sujana sarta uga trêsna bangêt marang Si Sucipta, awit saka tabêrine lan ngati-atine Si Sucipta. Ing pamulangan dhèwèke uga kinasih dening gurune, sabab saka pintêr lan tabêri sinaune.

Barêng sêkolahe wis sêtaun, dhèwèke munggah mênyang klas II. Si Sucipta sangsaya têmên anggone sinau lan tabêri ing gawe. Dhèwèke rumasa sênêng bangêt uripe, ing pamulangan sinau ora kanthi kangelan, ana ing omah panyambutgawene tansah kabênêran bae sarta dipitaya bangêt dening bêndarane kakung putri. Cêkake Si Sucipta anane ing Bêtawi krasan bangêt, sabên sasi bisa kirim layang mênyang bêndarane lawas lan bapakne, pêrlu ngabarake kaslamêtane lan nyaritakake bab kaanane ing pamulangan lan ing pasuwitan.

Ananging kasênêngane mau ora bisa lulus.

Barêng Si Sucipta kira-kira rong sasi lawase ana ing klas têlu, dumadakan Radèn Supana tampa kabar manawa kapindhah mênyang Jawa Têngah, mangka manggon ana ing distrik. Si Sucipta kadhawuhan ndhèrèk ora gêlêm, awit niyate arêp mbacutake sêkolahe dhisik lan arêp golèk pagawean ana ing Bêtawi. Atine sêdhih bangêt, awit ya kêpengin ndhèrèk, ananging yèn ngèlingi pasinaone iya banjur kapêksa kudu kari ana ing Batawi; dene panggonane mondhok durung olèh, iku kang agawe bingunging atine. Kabênêran Radèn Supana thukul panggalihe, Sucipta nêdya dititipake nyang Pak Wangsa, tilas mandhore Radèn Supana mau.

Barêng têkan ing titimangsane Radèn Supana budhal, Si Sucipta nguntapake nyang station. Ing kono anggone pêpisahan kanthi ngêrêsing ati. Saulihe saka station, Sucipta nuli boyongan nyang omahe Pak Wangsa.

Kacarita Pak Wangsa iku dadi mandhor, blanjane sathithik, mangka anake akèh. Omahe cilik lan wis bobrok, arêp didandani, ora duwe dhuwit kanggo waragad, awit blanjane mung cukup kanggo mangan bae.

Bapakne Sucipta, sarèhne anake saiki mondhok nyang omahe wong mlarat, kapêksa kudu muwuhi kirimane dhuwit, kanggo urun-urun tuku bêras. Ing mangka saya lawas saya mundur padagangane. Dadi anggone mragadi anake lanang saiki kanthi kangelan, nanging mêksa dilakoni, awit saking kêncêng kêkarêpane, supaya anake lanang bisa maju lan nganti cêkêl gawe.

Kacarita sarèhne sing dipondhoki Si Sucipta butuh bangêt nyang dhuwit, kêrêp utang nyang Sucipta lan kêrêp bae dhuwit bayaran sêkolah disilih, janji arêp disauri, ananging wêkasane ora bisa mbalèkake. Sarèhne pamêtune Kyai Sudagar saya lawas saya suda, mula ya ora bisa ngirimi luwih akèh, bisane malah luwih sathithik. Ing kono sabab malah kurang bae kanggo ambayar pangan lan sêkolahe, Si Sucipta kapêksa mêtu sêkolahe, nêdya golèk pagawean. Kaanane dhèwèke ana omahe Pak Wangsa nalangsa bangêt, ananging dhèwèke ora awèh wêruh nyang wong tuwane bab panlangsane mau, mundhak andadèkake susahe bapakne. Suwe-suwe sabab saka ngrêndhêm ati sêdhih, Si Sucipta ginanjar lara bangêt. Lêt patang dina Si Sucipta wis kuru bangêt lan pucêt kaya mayit.

Ing sarèhne Sucipta mêruhi dhewe karepotane Bok Wangsa, kang anjalari kurang pangrumate nyang wong lara, mulane panjaluke Si Sucipta ora liya mung supaya Pak Wangsa ngichtiarake, supaya Si Sucipta bisa mlêbu ing rumah sakit kanthi gampang lan ora kanthi ambayar. Pak Wangsa enggal mangkat nyang rumah sakit lan matur bab kaanane kabèh nyang doktêr. Panyuwune kaparêng lan ora suwe Sucipta digawa mênyang rumah sakit. Sucipta anane ing rumah sakit ana sasasi lawase. Barêng wis waras babar pisan kaparêng mulih.

Sajrone Si Sucipta ngudi nyang kapintêran, kang kanggo dhêdhasar, rina wêngine tansah prihatin, nêguhake iman, sabar tawêkal lan ichtiar, lan manèh ngèlingi yèn manungsa dititahake urip nèng ngalam donya iku sajatine ananing raga mung kanggo titipan, nyawa gadhuhan, manungsa dêrma nglakoni, lan kabèh kaanan mau ora bisa langgêng anane, owahe tansah lumintu, samono uga kang tumrap nyang raganing manungsa, sapa bungah bakal susah, sapa susah nêmu bungah, kabèh bakal ditêmahi. Kang iku kaya wêlinging wong tuwa-tuwa, èlinga yèn nuju bungah, awit susahe bakal nututi. Ana candhake.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Babaran enggal! Babaran enggal

MARGANING URIP

Cariyos satunggaling malaekat kasiku dhatêng Ingkang Damêl Gêsang, dipun dadosakên manungsa limrah, nama Misèl. Sarêng sampun sawatawis laminipun kêmpal kalihan manungsa, Misèl sagêd nyumêrêpi punapa ingkang dados awisanipun Ingkang Kuwaos. Wusana Misèl wangsul dados malaekat malih.

Lajêng dipun sambêti cariyosipun: ILYAS. Satunggaling tiyang sugih ingkang lajêng mlarat. Nanging sarêng mlarat malah rumaos bêgja lan sênêng gêsangipun.

Dipun sambêti malih cariyos LAS-LASAN BÊRAS SAÊNDHOG PITIK. Satunggaling ratu kagungan barang ingkang sakalangkung anèh, agêngipun satigan ayam, wujudipun kados las-lasan uwos. Para sagêd botên wontên ingkang sagêd mastani barang wau. Lajêng wontên tiyang sêpuh ingkang sagêd nêrangakên bilih barang wau sajatosipun inggih uwos. Uwos jaman rumiyin.

Cariyos tigang warni kasêbut ing nginggil punika nênarik manah saèstu, sarta ngêmu piwulang ingkang lêbêt. Prayogi dipun sumêrêpi ing para mudha tuwin para wrêdha.

Kangge icip-icip ing ngandhap punika pêthikanipun:

Cariyosipun Misèl: "Saikine aku ngrêti, yèn uwong iku uripe ora jalaran saka anggone ngrêmbug marang awake dhewe, nanging jalaran saka katrêsnan, kawêlasan utawa asih.

Wong kang dadi biyung, ora kaparingan wêruh apa kang dadi kabutuhane anake murih bisane urip. Wong kang sugih-wugih ora pinarêngake wêruh apa kang prêlu tumrap awake. Sarta iya ora ana wong kang pinaringan wêruh, sing dibutuhake iku apa? Apa sêpatune kanggo wong urip, apa trumpah kanggo wong arêp mati.

Anggonku bisa urip nalika tinitah dadi uwong iku ora sabab saka olèhku njaga marang uripku dhewe, nanging sabab saka anane rasa asih, rasa wêlas utawa rasa trêsna, kang dumunung ana ing atine wong lanang kang liwat sandhing panggonanku andheprok, utawa kang dumunung ana ing atine bojone.

Dene bocah kang ditinggal bapa biyungku iku bisane slamêt uripe iya ora saka anggone njaga marang uripe dhewe, nanging jalaran saka anane rasa wêlas, rasa trêsna kang dumunung ana ing atine wong wadon kang dudu apa-apane.

Mangkono uga wong-wong kabèh mau, bisane urip ora jalaran saka anggone rumêksa marang uripe dhewe, nanging jalaran atine wong-wong padha kadunungan rasa asih, rasa wêlas lan rasa trêsna.

Dhèk biyèn sing dakngrêtèni mung Pangeran olèhe paring urip marang uwong-uwong, sêbab krêsane pancèn supaya uwong-uwong bisaa urip. Saiki liyane kuwi ana manèh:

Yaiku ora dadi kaparênge Sing Kuwasa yèn wong urip mung arêp mikir marang awake dhewe. Saka krêsane Sing Kuwasa urip kudu kanggo sapadha-padha. Jalaran saja kagungan krêsa mangkono mau, mula iya ora dhawuh apa kang dadi kabutuhane siji-sijining wong urip tumrap awake dhewe. Sing didhawuhake apa kabutuhane wong urip tumrap wong akèh, dadi iya tumrap awake dhewe, lan tumrap sapadha-padha.

Kajabane iku aku saiki iya ngrêti, yèn wong kang duwe rumangsa yèn uripe iku saka pangrêmbuge dhewe, iku satêmêne klèru. Wong ora bisa urip saka pangrêmbuge dhewe, nanging kudu saka katrêsnan, saka asih, saka kawêlasan. Awit sapa kang winêngku ing katrêsnan, ing asih, utawa wêlas, iya kawêngku ing Pangeran. Kosokbaline Pangeran, iku iya mung bisa winêngku dening uwong kang kadunungan trêsna, wêlas lan asih. Awit sanyatane sipate Pangeran iya wêlas, iya trêsna, iya asih.

__________

Ngètên nggih, mas, nèk kula pikir ngotên, pancèn inggih sanès lêpate kasugihan, dene dhèk kula sugih, botên sênêng, sarta nggih sanès panggawene si kêmlaratan dene barêng mlarat kula lajêng sênêng. Ontêne dhèk kula sugih ati kula botên sênêng, botên jênjêm, niku sababe awit angsal kula pados kasênêngan luput panggonane. Kula wastani kasênêngan niku dununge mung èntên bandha mawon. Dados sing kula udi nggih mung bandha. Rina wêngi angsal kula golèk tanpa lèrèn. Lèrèn-lèrèn jam tilêm. Botên nate kula tiyang kalih sok mijèkakên jam kangge omong-omongan, kangge rêmbugan. E, ngrêmbug kautaman, karêp kula. Niku botên nate. Pikiran kula mubêng mungsêt mung têng bandha. Awan kula golèki, bêngi kula kuwatirake yèn dicolong uwong. Têng wong liya, têng batur anane mung sujana. Kuwatir yèn nganti gawe kurange bandha sing kula kêpengini. Dadi ati kula niku mung tansah ngandhut dosa. Dosane dene ndakwa sing botên-botên têng wong sing botên punapa-punapa." Awit satêmêne batur-batur kula niku sae-sae sadaya. Lajêng jaran, sapi, wêdhus, sapiturute, niku anggêr diêngon, digawa lunga saka ngomah, ati kula ênggih êmpun dhêg-dhêgan, sumêlang nèk dibadhog kewan galak.

Lajêng ontên malih sing saya damêl rungsêbing manah, ênggih niku angsal kula kêrêp pabên kalih kanca jalêr. Ing bab ngumpulake bandha; kula tiyang kalih nika padha mêmpênge. Kula mêmpêng, kanca jalêr inggih mêmpêng. Jalaran saka mêmpênge wau sok lajêng cêngkah. Ngriku kêncêng, kula kêncêng, dados lajêng pabên!"

Dhayohe takon: "La sanikine pripun?"

Sanikine êmpun ewah, sabab sêdantên mawon sing marakake rungsêb têng manah êmpun sami kula bucali. Kuwatos napa-napa botên gadhah. Sujana têng wong liya ênggih botên. Nèk sêla pagawean kula tiyang kalih sami mrêlokakên omong-omong, ngrêmbug bab kautaman, ngrêmbug kuwasane Sing Gawe Urip. Sêdantên wau anjalari manah kula lajêng sênêng, têntrêm. Dèrèng nate kula ngraosakên sênêng kados saniki. Sèkêt taun angsal kula krênggosan mlayu-mlayu, golèk kasênêngan. Ning tibane katêmune jêbul barêng êmpun mlarat.

Krungu katrangane bojone Ilyas mêngkono mau, dhayoh-dhayohe padha gumuyu, katon yèn ora anggugu. Ilyas satêngah nêsu, kandha: "Sampun sami gumujêng, sadhèrèk. Mênika sanès gêgujêngan, nanging kanyatahan, inggih punika kanyatahaning gêsang. Ingkang Kuwaos sampun paring èngêt dhatêng kula tiyang kalih. Pêparingipun Ingkang Kuwaos wau dening semah kula kala wau sampun dipun aturakên dhatêng panjênêngan. Botên awit saking nuruti manah sênêng, nanging awit saking pangeman. Inggih punika ngeman dhatêng panjênêngan sadaya, sampun ngantos anggènipun manggih sênêng, ndadak mawi patumbas kadosdene kula."

__________

Andadosakên kauningan dalêm gusti. Pantun ingkang wosipun samantên, punika jamanipun kawula taksih tumindak ing damêl, nama limrah. Sarta ingkang sami kawula têdha, inggih wos ingkang samantên-samantên punika. Ingkang nanêm kawula piyambak, ingkang ngênèni inggih kawula piyambak.

Sang prabu gumun, kêpengin ndangu manèh: "Mungguh sawah kang koktanduri, iku sawah kang kaya apa?"

Wong tuwa mangsuli: "Nuwun inggih sabin limrah, sabin kagunganipun Ingkang Kuwaos. Awit jaman samantên, sabin ingkang dados sabinipun tiyang punika inggih sabin ingkang sawêg kagarap. Botên wontên caranipun tiyang ndhaku siti kaakên dados gadhahanipun. Ingkang nama gadhahanipun tiyang, punika namung baunipun. Wondene siti têtêp dados kagunganipun Ingkang Kuwaos."

Sang prabu gèdhèg-gèdhèg saka gumune, banjur ndangu manèh: "Ana manèh, paman, sing arêp daktakokake marang kowe. Sapisan: yagene jaman kunane pari bisa mêtu samono, nanging saiki ora. Kang kapindho: yagene putumu olèhe mlaku nganggo têkên loro, anakmu mung siji, barêng kowe ora têkênan babarpisan. Mangkono uga pandêlêngmu, pangrungumu, lan untumu isih sarwa wutuh, tur caturanmu iya isih cêtha. Ngungkuli anakmu apadene putumu."

Wong tuwa munjuk mangsuli: "O, kawuningana, gusti. Wontênipun kados makatên, awit tiyang-tiyang punika gêsangipun botên awit saking anggènipun nyambut damêl piyambak, utawi malih rêmên melik dhatêng darbèking sanès. Botên kados tiyang jaman kawula rumiyin. Tiyang gêsang namung ngèstokakên dhawuhipun Ingkang Kuwaos. Sampun marêm utawi narimah kalihan gadhahanipun piyambak, botên kêpengin utawi mamrih dhatêng gadhahanipun sanès."

__________

Manawi badhe priksa jangkêping cariyos, kula aturi nyatakakên mundhut Sêrat "MARGANING URIP", têmtu botên badhe kacuwan. RÊGINIPUN NAMUNG f 0.24

WÊDALAN - BALE PUSTAKA - BATAVIA-CENTRUM.

--- [0] ---

Ôngka 66, Rê Kli, 11 Jumadilakir Ehe 1868, 18 Agustus 1937, Taun XII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1025] ---

Ôngka 66, Rê Kli, 11 Jumadilakir Ehe 1868, 18 Agustus 1937, Taun XII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining Kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pontianak - Aji Côndhabirawa - Konpêrènsi Polkênbon ing Bandung - Kawontênan ing Sêpanyol - Lampahipun Pandhu saking Tanah Ngriki - Padunungan Kita - Kawontênan ing LubuklinggaLubuklinggo. '- Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Pontianak.

[Grafik]

Griya-griya panggung ing sanginggiling lèpèn, kalêbêt wêwêngkon kitha Pontianak, Borneo.

--- 1026 ---

Raos Jawi

Aji Côndhabirawa

Sambêtipun Kajawèn nomêr 65.

Sambatipun angaru-ara: O, bapak, mungsuh iki ora kêna digêgampang, otot bayuku kaya dilolosi, aku wêdi. Karo manèh bapak, salawasku ngèngèr kowe awakku lara kabèh, wong ora tau koingoni, malah kêrêp kopilara, beda têmên karo dhèk aku ngèngèr bapak Gundhawijaya biyèn, awakku rasane sêgêr sumyah. Wis bapak, aku ora saguh yèn koêdu karo wong kae, aku rumasa ora kuwagang, ayake wong kae bênêr, kowe sing luput.

Radèn Narasoma kaget, pangandikanipun: E, ora tau dakingoni kapriye ta, ana sabên dina tansah bojana ôndrawina, ing Môndaraka ora kurang pêpanganan kang mirasa lan ombèn-ombèn kang anyêgêri. Karo manèh aku iki ora ngrêti bangêt, jêbul kodakwa kêrêp milara kowe. Kuwi gênahe kapriye.

Ditya Côndhabirawa tumuntên lumêbêt dhatêng saliranipun sang rajaputra sarwi wicantên: O, o, o, bodho têmên kowe iku bapak. Ingonku kuwi dudu pêpanganan kang mirasa lan ombèn-ombèn kang nyêgêri, nanging budi rahayu lan tapabrata, gênahe mangkene: sing sapa kanggonan ing aku rahayu bêbudene, gêlêm anglakoni tapabrata, iku dadi panganku, awakku sêgêr sumyah rasane. Kowe dak arani milara ing aku iku gênahe: kowe kêrêp anjurungi kêkarêpan kang ora jujur, kang nganti agawe kasusahaning liyan. Sing sapa kanggonan aku duwe pratingkah mangkono, rasane awaku lara kabèh. Mulane bapak, eling-elingên.

[Grafik]

Dèwi Pujawati

Radèn Narasoma lajêng mêngsah pêrang malih, nanging kawon, satêmah ingkang rayi ingkang nama Dèwi Madrim karilakakên dhatêng Radèn Pandhu Dewanata, dados garwa ôngka kalih.

Ing salêbêtipun pêrang Bratayuda, Sri Maharaja Salya numuti Ngastina, mêngsah Pandhawa, jalaran panyuwunipun Korawa dhatêng panjênênganipun supados anyenopatèni pêrang rumiyin tinimbang Pandhawa.

Awit saking kawicaksanan saha rêrigênipun Sri Narendra Krêsna, manawi Sang Prabu Salya nyenapatèni yuda, saha sampun amatak aji Côndhabirawa, [Côndha...]

--- 1027 ---

[...birawa,] para manggala saha wadyabala ing Ngamarta sakancuhipun kadhawuhan sami sèlèh dêdamêl, botên kalilan lumawan pêrang, malah kêdah mawi ngucap: rahayu marambah-rambah.

Saèstu, sarêng Sang Nata Salya nyenopatèni yuda saha matak aji Côndhabirawa, para wadyabala Ngamarta sami sèlèh dêdamêl saha ngucap: rahayu, rahayu, rahayu. Sumêrêp saha mirêng pujian ingkang kados makatên wau, Côndhabirawa botên anggadhahi krêkat, wangsul manjing dhatêng Sang Prabu Salya malih. Salajêngipun Sang Nata Salya seda ing madyaning rana dening Sang Prabu Puntadewa sarana kasawat pusaka sêrat Kalimasada. Aji Côndhabirawa manjing dhatêng saliranipun Prabu Darmakusuma.

Dene Dèwi Sêtyawati bela ingkang raka wontên samadyaning rana sarana suduk jiwa. Cuthêl.

Cariyos padhalangan ing nginggil punika manawi kula gagas punapa kula othak-athik, pinanggihipun:

1. Lêlampahan saha lêlabêtanipun Sang Dèwi Sêtyawati punika têka kathah mathukipun kalihan tekadipun para wanita ing jaman kamajêngan punika (tamtunipun botên sadaya) anggèning sumêdya sêtya tuhu dhatêng kakungipun, ngantos karsa mrêngkang saking pikajênganipun tiyang sêpuh utawi tega dhatêng tiyang sêpuhipun. Nanging sanadyan makatêna, punapa para wanita ingkang ngèmpêri Sang Dèwi Sêtyawati wau purun saèstu labuh dhatêng kakungipun ngantos dumugi ing dêlahan. Inggih sukur manawi makatên.

[Iklan]

2. Wêwatêkanipun Radèn Narasoma anggènipun [anggèni...]

--- 1028 ---

[...pun] isin ngakên marasêpuh ingkang asipat ditya, punika inggih kathah cocogipun kalihan kawontênan ing jaman samangke, botên kirang-kirang para neneman ingkang isin ngakên tiyang sêpuhipun saha sanak kadangipun ingkang kamlaratan saha botên kasinungan kadrajatan, dupèh piyambakipun kasinungan kamulyan. Wêwatêkan ingkang kados makatên wau prayogi dipun bucal ingkang têbih.

3. Èmpêripun Sri Maharaja Salya punika panjanmanipun Sang Prabu Sugriwa, Bagawan Bagaspati panjanmanipun Sang Bagawan Subali, makatên ugi Sang Prabu Darmakusuma. Anggèn kula mastani makatên wau sapisan: anggènipun tansah mêmêngsahan. Kaping kalih: Bagawan Bagaspati saha Sang Prabu Puntadewa kagungan êrah pêthak kados Sang Bagawan Subali, kaping tiga: kagungan aji Côndhabirawa, kintên-kintên rumiyinipun nama aji Pôncasona, ingkang murugakên lêpating pêjah, jalaran saking punika ngagêsang punika prayogi rukun sih-sinihan, sampun amêmêngsahan, supados manawi manjanma malih botên anglajêngakên mêmêngsahan anagih potang.

4. Aji Côndhabirawa punika namung satunggal, ewadene nalika wontên panjênênganipun Sri Narendra Salya botên patos miyatani manawi katimbang kalihan kalanipun wontên Sang Bagawan Bagaspati saha Sang Prabu Puntadewa. Ing ngriku tiyang lajêng mangrêtos sababipun, gadhah êrah pêthak kalihan botên. Êrah pêthak punika ngibaratipun manah suci. Mila tiyang sampun awatak adigang adigung adiguna, supados ngèlminipun utawi aji-ajinipun botên suda utawi botên sirna daya prabawanipun. Wangsul kêdah tumindak ingkang cocog kalihan ngilmu saha aji-ajinipun, inggih punika ingkang dipun wastani ingon dening Ditya Côndhabirawa.

[Grafik]

Sang Nata Salya

5. Kalangkungan ingkang botên kanthi labêt sae, punika akiripun kawon kalihan lêlabêtan sae, kadosdene wêwarahipun para sujana: si murka iku lêbur dening pangastuti.

Ki Darmaprawira. Kêpanjèn-Malang.

--- [1029] ---

Konpêrènsi Polkênbon ing Bandhung

[Grafik]

Ing pêthikan kabar warni-warni sampun kêrênkêrêp. ngêngratngêwrat. pawartos ing bab wontênipun konpêrènsi Polkênbon ing Bandhung.

Ingkang kacêtha ing gambar, kiwa nginggil piyambak: Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana sakalihan rawuh ing papan konpêrènsi dipun papag dening Dr. L. Rajchman.

[Grafik]

Nginggil sisih têngên: utusan gupêrmèn Hindhiya Inggris, dipun pangajêngi Tuwan Amin-ul-Mulk Sir Muhammad Ismail (saking kiwa nomêr kalih).

Kiwa têngah: Dr. J. Offringa, pangagêng pakaryan kasarasan ing tanah ngriki tuwin pangarsaning konpêrènsi (sisih kiwa). Dr. L. Rajchman, pangagênging pakaryan kasarasan ing Polkênbon, ngiras panitra konpêrènsi.

[Grafik]

Ing nginggil punika: utusan Tiongkok, dipun tindhihi dening Dr. Wu Lien Teh, dhirèktur pakaryan karantinah ing Tiongkok.

Têngên: pangagênging wadyabala dharatan, Litnan Jendral Boerstra sakalihan, rawuh ing Technische Hoogeschool, papaning konpêrènsi.

--- 1030 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Sêpanyol

Paprangan ing Sêpanyol ing salêbêtipun sawatawis dintên punika kenging dipun wastani saya rêrêmpon, panêmpuhipun ingkang pêrang araos sampun sami kasupèn, mila kathah tindak ingkang lajêng nuwuhakên kirang sênênging liyan.

Sampun dangu kitha Madrid tansah dipun angkah bêdhahipun dening golongan kabangsan, nanging pinanggihipun botên anocogi kalihan pangintên, panganggêpipun golongan kabangsan, kitha Madrid punika sampun mrênding sangêt, saupami dipun têmpuh ukur-ukur kemawon têmtu bêdhah. Nanging nyatanipun Madrid taksih wulêd, botên kenging dipun gêgampil. Ewasamantên tumraping golongan kabangsan botên pisan-pisan nêdya angunduri, malah saya sêrêng panêmpuhipun, panêmpuhipun dhatêng kitha Madrid dipun ambali malih dipun êbomi tanpa kêndhat. Dhawahing bom wau adamêl karisakan agêng tuwin pêpêjah kathah.

Campuhipun ingkang paprangan wau katingal titikipun saya rêsah, awit wontên kapal Itali nama Mongolia ingkang agêngipun 6000 ton, dipun bom dening motor mabur ingkang nyamar, botên kasumêrêpan saking golongan pundi tuwin motor mabur saking nagari pundi. Dene kapal Itali ingkang dipun dhawahi bom wau botên têbih saking kapal Inggris British Corporal ingkang ugi dipun dhawahi bom. Ing kala punika kaptining kapal Mongolia nandhang tatu rêkaos. Prênahing kapal ingkang dipun dhawahi bom ing kala punika wontên sawetanipun Algiers, sacêlaking ujung Bengout.

Kapal Inggris British Corporal sarêng manggih bêbaya saha nêmahi karisakan, lajêng suka sasmita nêdha tulung. Nanging sasmita wau botên sagêd angsal wangsulan, amargi pirantosipun risak, wusana sasampunipun dipun dandosi, angambali suka sasmita nêdha pitulungan malih, saha ing kala punika sampun sagêd anglajêngakên lampah dhatêng Algiers. Miturut katrangan, kapal British Corporal wau dipun têmpuh ing motor mabur tiga, dangunipun ngantos saêjam. Ing salajêngipun sagêd anglajêngakên lampah ngantos dumugi Algiers wau.

Tamtu kemawon ing bab kapal British Corporal punika lajêng damêl botên sênêngipun Inggris, awit lampahipun kapal wau lugu lumampah ambêkta momotan ingkang botên gêgayutan kalihan kawontênaning paprangan. Mila tumraping parentah Inggris lajêng ngudi dhodhok sèlèhing kalêpatan.

Miturut wawasaning parentah Inggris, mratelakakên bilih tindak makatên punika kêdah dipun anggêp nyamari, amargi kapal ingkang dipun bom wau, botên dipun sukani sumêrêp supados nyimpang lampahipun, makatên malih lampahipun kapal wau ngambah sajawining watês awisan wêwêngkon ing sagantên. Dados tindak panyêrêgipun Inggris [Ing...]

--- 1031 ---

[...gris] wau mawi wêwaton lêrês, namung kuciwa dèrèng kasumêrêpan cêtha sintên ingkang gadhah pokal makatên punika.

Namung miturut katrangan saking pangagênging kapal British Corporal, motor mabur ingkang nêmpuh punika tiga, sami cèt pêthak mawi ciri prapatan, St. Andries wontên ing suwiwi. Môngka manawi miturut katrangan, ingkang dipun sumêrêpi dening Inggris, motor mabur ingkang ciri kados makatên wau botên wontên, tumrap motor mabur golongan kabangsan, mawi ciri prapatan Malta.

Wontên katrangan malih, motor mabur wau sasampunipun nêmpuh kapal British Corporal saha sampuning ngêmot 40 rambahan, panggêgananipun lajêng andhap, saha lajêng ngrutugi mimis saking sanjata mêsin, ngantos saêjam dangunipun. Wusana lajêng wontên katrangan ingkang raos nêtêpakên, bilih motor mabur ingkang nêmpuh British Corporal punika kêgolong motor mabur Franco, dene bom-bom ingkang dipun dhawahakên damêlan saking parbik Jêrman.

Ing salajêngipun wêwakil Inggris ing Sêpanyol tampi dhawuh supados nyêrêg dhatêng Jendral Franco ing bab tindak wau. Makatên ugi Inggris inggih nata barisan kapal pêrang wontên ing sagantên têngah, tuwin papan pakèndêlan kapal pêrang Inggris ing pasisir, kanthi tansah sêsambêtan radhio kalihan kapal-kapal dagang Inggris.

Ing ngriki katingal, bilih paprangan punika kêtuwuhan sêsulak botên sae.

[Iklan]

--- [1032] ---

Lampahipun Pandhu saking Tanah Ngriki

[Grafik]

Lampahipun kapal Dempo ingkang dipun tumpaki para pandhu ing tanah ngriki sadumuginipun Rotêrdham, sampun kacariyosakên wontên ing Kajawèn kapêngkêr. Nanging ing ngriki ugi prêlu dipun ambali malih, murih cocog kalihan kawontênaning gambar ingkang dipun êwrat ing dintên punika.

Lêbêtipun kapal Dempo dhatêng palabuhan Rotêrdham anarajang pêdhut kandêl, malampahipun sakalangkung alon, prêlu anjagi bêbayanipun ing margi. Ing ngriku para pandhu sampun sami mapan sumadhiya wontên ing dhèg, kados botên sarônta sêlak badhe nyumêrêpi dharatanipun nagari Rotêrdham. Ing ngriku ingkang dados têtindhihing lampah, Tuwan Ranneft wiwit mranata dhatêng lampah-lampahipun para pandhu ingkang sadumuginipun dharatan, amargi lampahing para pandhu punika ing saênggèn-ênggèn tansah tampi panyungga-sungga tuwin dipun wigatosakên ing ngakathah, tuwin wartosipun badhe sumêbar ing sadonya, punapadene kawontênanipun inggih badhe kasumêrêpan ing pundi-pundi saking dipun sêbarakên dening juru gambar tuwin pilêm. Mila lampahipun sagêda sarwa nyarambahi dhatêng kabêtahaning ngakathah.

Gambar ing nginggil: kapal Dempo sampun mèpèt palabuhan ing Rotêrdham, para pandhu saking tanah ngriki sampun botên sagêd nahan dêrênging manah lajêng mandhap dhatêng dharatan. Para pandhu ing nagari Walandi mapag kanthi surak ambata rubuh minôngka tandhaning suka pambage wilujêng.

Ing têngah: para pandhu nagari Walandi ugi sami kadêrêng ing manah, ngajêng-ajêng mandhaping tamunipun.

Ing ngandhap: barisaning para tamu pandhu ingkang nêmbe dhatêng.

--- 1033 ---

ALBUM VERKADE "WAAR WIJ WONEN" (Padunungan Kita)

Para maos têmtunipun sampun nate maos wara-wara ingkang kasêbarakên dening pabrik bêskuwit Verkade, ingkang mratelakakên bilih bêskuwit Verkade punika sabên blèg wontên isinipun bon, bon wau manawi sampun jangkêp sawatawis, kenging kalintokakên gambar ingkang langkung agêng, kangge isèn-isènipun Album.

Album panunggilanipun ingkang dipun pisungsungakên dening pabrik Verkade dhatêng para ingkang sami nglêmpakakên bon wau, enggal mangke Bale Pustaka mêntas dipun sukani, inggih punika Album ingkang dipun cirèni mawi nama "Waar wij wonen". Upami dipun jawèkakên: papan padunungan kita. Kita: bôngsa Walandi, dados ingkang dipun ungêlakên: papan padunungan kita wau inggih papan-papan utawi panggenan ing nagari Walandi utawi inggih: nagari Walandinipun piyambak.

Mênggah isinipun: cêcriyosan kawontênanipun nagari Walandi, mawi gambar pintên-pintên ingkang ngatingalakên èdi pèninipun samukawis kawontênan ing nagari Walandi wau. Tumrap tiyang ingkang mangrêtos dhatêng basa Walandi, saya malih tumrap bôngsa Walandi piyambak, ningali gambaripun, lajêng maos cêcriyosanipun, punika botên kenging botên manahipun têmtu lajêng katarik, katarik rêmên, katarik trêsna.

Barang ingkang sabên dintênipun botên kasumêrêpan èdi pèninipun (e, punika tumrap tiyang ing nagari Walandi) sarêng katingalan wontên ing gambar, utawi kasumêrêpan wontên ing cariyosipun, èdi pèninipun wau lajêng ngalela. Satêmah barang utawi kawontênaning alam ingkang waunipun botên nate dipun prêduli, botên nate dipun gatosakên, awit saking pun èdi sarta pèni wau botên katingal, lajêng kalêbêt dados pamanahan, eman upami botên dipun tingalana, saya eman malih saupami dipun risaka.

Awit saking tuwuhipun pangraos ingkang kados makatên wau, tumrap bôngsa Walandi ing nagari Walandi, barang ingkang kenging kangge nglipur manah cacahipun lajêng wêwah satunggal, inggih punika dene sagêd nyumêrêpi utawi ngraosakên èdi pèninipun kawontênan ingkang dipun dunungi. Punapa têgêsipun panglipur manah tumrap tiyang gêsang. Badhe ngrêtos têgêsipun punika, prayogi kawalik: kadospundi gêsang kula sadaya, saupami botên wontên ingkang kula angge nglipur manah kula.

Mila saupami pabrik Verkade wau tumrap tanah Indiya ugi sagêd ngêdalakên album ingkang kados makatên wau, saiba badhe bingah kula sadaya, tur sawêg wêdalipun album ingkang sapunika kemawon, punika pabrik wau sampun pantês sinudarsana.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 702 ing Nganjuk. Prayogi panjênêngan ingkang prasabên dhatêng pos Nganjuk, supados nêdha kintunan buku-buku punika.

Lêngganan nomêr 3512 ing Pêkalongan. Taksih, nanging botên sagêd milih, dados namung sawontênipun sadhiyan. Mila makatên, awit buku-bukunipun sampun kathah ingkang têlas.

Lêngganan nomêr 4803 ing Surakarta. f 3.- sampun katampi, tumrap wulan Agustus dumugi Januari 1938.

--- 1034 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Kawontênan ing Lubuklinggo

III

Petruk : Wis, Kang Garèng, saiki rungokna sing têmênan, tak andhari sing nganti anggêlabêt têmênan kae. Kaya sing wis tak kandhakake lagi anu, dhèk biyèn wong Jawa kuwi iya wis anglakoni ngolonisasi mau, yaiku pindhah nyang nagara mônca. Ing kala samono sangune ora mung dhuwit bae, nanging iya kudu sangu: wani kangelan, wani rêkasa, wani bêbaya, wani nglakoni sangsara lan isih akèh manèh tunggale. Hla, saiki tak caritani apa sing tak wêruhi ana ing Lubuklinggo.@Nalikane aku têkan ing Lubuklinggo, ing kono aku mêruhi dhewe, Kang Garèng, lêmah sing arêp diparingake kaum kolonis mau wis rada rêsik, têgêse: wis ora rupa alas manèh, sabab wit-witan sing gêdhe-gêdhe wis dibabadi, malah ing papan kono wis disadhiyani los, ing kono le ngarani: bèdhing, kang kanggo pondhokane wong-wong sing lagi têka kanggo sawatara dina. Pangane iya wis disadhiyani, sanadyan wong-wong mau ora diparingi kanthi gratis, nanging dianggêp utang, mung bae pambayarane murah thik dikaparêngake nyicil.

Garèng : Dadi wong-wong sing têka mau, tumêkane ing kono wis ora prêlu ambubak alas, ora prêlu enggal-enggal yasa pondhok sing kanggo papane nalikane têka mau, ora prêlu this-thisan golèk pangan, sabab wis dicadhong, sanadyan ing besuke kudu nglironi. Iki têgêse: sangune kolonis sing limang prakara: dhuwit, wani kangelan, wani rêkasa, wani bêbaya, wani sangsara mau, wis disuwak sing saprakara, ya iku: kangelane.

Petruk : Bênêr, Kang Garèng, nanging kowe isih ana sing kêlepyan saprakara, yaiku: sangu dhuwit. Kaya sing wis tak kandhakake balik-bolak, sanadyan ora duwe sarini-rinia, anggêre gêlêm lan katômpa, bisa pangkat, Kang Garèng, awit lakune: nyêpur, mrau, nyêpur manèh, ngoto bis, dalasan pangane ana ing dalan, wis dibayari dhisik, sanadyan ing besuk kudu ambalèkake. Nanging anggone ambalèkake mau mung saupit bangêt, hla wong sabatih kang rata-rata cacah jiwane têlu, la kon nunggang sêpur, prau, sêpur, lan otobis, sing ngaluk-aluk bangêt mau mung diwajibake ambayar limang ringgit, kathik dikon nicil. Dadi cêkak aos, tumrape kolonis, sanadyan ora duwe

--- 1035 ---

sangu dhuwit, iya bisa têkan ing panggonan kang arêp dikolonisasi.

Garèng : O, iya, Truk, wèh, kithal pikiranaku iki mau. Dadi sangu limang prakara saikine wis cêtha, sing disuwak wis rong prakara.

Petruk : Saikine ing sarèhne alase wis dibabad, mêsthine kewan galak, ula mandi, lan bêkasakan liya-liyane, wis padha cara Landane: opêrgêplas, nyang alas liya. Kajaba iku, tanah kono kuwi kagungane nagara dhewe, sarta wis sarêmbug karo wong konone bab prakara anggone arêp mindhahake wong Jawa mrono kuwi, dadi kaum kolonis têka ing kono kuwi, laire iya ora bakal arêp didhayohi êmbah macan, bakyu gajah lan sapadhane, lan iya ora bakal nganti dipêndêliki utawa diithik-ithik pengot dening wonge kono.

Garèng : Dadi ana sangu saprakara manèh sing pantês kudu ditinggal ana ing omah, yaiku sangu wani bêbaya, sabab sing nuwuhake bêbaya, dening rama kajêng guprênêmèn sêmune wis dionslah kabèh.

Petruk : Bênêr, Kang Garèng. Saiki dak ambalèni ngrêmbug kaum kolonis jaman Majapait. Kala samono ngalihe nyang môncanagara, kuwi mung sasrog-sroge bae. Têgêse: yèn anggone kliling wêruh lêmah, êmbuh sapa sing anduwèni, êmbuh kapriye kaanane ing kono, apa bêcik hawane, apa akèh panyakite, ora prêduli sagupil-gupila, iya banjur: srog, diênggoni bae. Hla, umume iya sok banjur nêmoni sangsara sing sasayahiranèki kae. Kaya ta: akèh sing kêcandhak mas malariah, dèn lara kolerah, lan sapanunggalane, nganti kêrêp bae kalakon, uwonge ngantirnganti. tumpês êntèk êntung. Seje karo papan pindhahan ing Lubuklinggo kono, sadurung-durunge wis dititipriksa luwih dhisik, ing kono lêmahe apa loh, hawane apa bêcik, apa akèh panyakite. Lan lagi diputus: kêna kanggo papan kolonisasi, yèn wis cêtha ing kono mau, lêmahe loh, hawane kêpenak, lan ora akèh panyakite. Ewasamono ora mung narima mangkono bae, malah ing kono disadhiyani romah sakit cilik, nganggo diadani mantri plik-plikêr loro, kathik saminggu sapisan ditêkani dhoktêr sing diwajibake mriksa wong-wong mau, yèn ana wong lara sathithik bae, enggal ditambani, Kang Garèng.

Garèng : Iki têgêse: sing bisa agawe sangsara, wis dibêsinêh kurang luwih 110%. Sing 100% sabab kaanane ing kono wis dititipriksa luwih

--- 1036 ---

dhisik, dene sing 10% pasadhiyan rumah sakit, sabab panjagan sing kaya ngono kuwi, ing tanah Jawa dhewe mèh kêna diarani: nihil. Dadi cêkak aos, jalaran kaanan sing kaya ngono kuwi, sangu limang prakara mau wis dipotong saprakara manèh. Wèh, Truk, potongane tak etung-etung gunggung kumpul kathik wis papat, dadi saikine mung kèri saprakara, yaiku: rêkasane thok thil.

Petruk : Lêsêr kang Garèng. Dadi mung kèri: rêkasane thok bae. Ewasamono iki isih kêna dipotong manèh, Kang Garèng, lan potongane mèh 50%, Kang Garèng. SabSabab. sing kêna diarani: rêkasa, kuwi kang kapisan: kudu nyambut gawe ngêpêng têmênan. Iki tumrape wong tani wis jambalane sabên dina, Kang Garèng. Sanadyan ana ing omahe, utawa ing desane dhewe, wong tani kuwi sabên dinane iya kudu: macul, kudu mluku, kudu anggaru, cêkake kudu ngolah sawahe, kang kanthi dipêng bangêt, dadi iya nyang desane, iya nyang mônca, nèk kaum tani kuwi salawase iya kudu bisa nyambut gawe kanthi ngêpêng. Hla nèk wong tani kok ora bisa ngêpêng anggone nyambut gawe, iya dudu wong tani, Kang Garèng, nanging wong... burêng, bèngsèng, utawa: dèn panji klanthung. Kang kapindho sing kalêbu rêkasa, sabab ana ing kono nêmoni kaanan anyar. Têgêse: kaanan anyar, wong iya nyang nagara mônca, adat tatacara lan basane wong-wong ing kono mêsthine beda karo adat tatacara lan basane dhewe, dadi rasa-rasane kayadene wong mônca kae. Ewasamono rasa sing mêngkono kuwi mau, bisa kalong akèh, awit, kagawa saka kaanane ing papan sing didunungi mau, sadesa diênggoni wong bangsane dhewe kabèh, tôngga têparone, sanak sadulure dhewe, ora-orane iya uwong-uwong padha tunggal desa. Mara, apa iya ora rasa-rumasa kayadene ana ing desane dhewe. Krasane kaya wong mônca kuwi rak manawa kabênêr mêtu saka ing desane kono.

Garèng : Wèh, hla kok reklamê bêsar mangkono, Truk, coba yèn diwijang-wijang kayadene katêranganamu kuwi mau, sangu limang prakara sing gawat mau, kayadene banjur ilang blas babarpisan.

Petruk : Nèk adile mula iya mêngkono, Kang Garèng, wong Jawa sing dipindhahake nyang Lubuklinggo kuwi mau, pancèn iya kêpenak bangêt larase. Mulane sing akèh-akèh iya ora anduwèni rasa-rumasa kayadene pindhah adoh kae, luwih-luwih nèk nyawang kaanane ing kono, lurahe desa iya bangsane dhewe, dalasan: ndara sistène kok iya ana, kathik iya priyayi Jawa.

Wangsulan Redhaksi

Tuwan H. ing Parakan. Karangan panjênêngan botên kapacak, amargi suraosipun sagêd anjalari damêl sêling-sêrêp, prayogi damêla karangan ingkang raosipun botên kados makatên, tuwin sampun anggêgêpok dhatêng agami.

K. 4729 ing Magêlang. Panjurung makatên punika mapanipun kapacak ing ariwarti.

K. 1678 ing Slawi, karangan kados makatên punika pinanggih sampun umum kasumêrêpan ing ngakathah, tuwin kirang srêg kapacak ing Kajawèn. Prayogi manjurung babagan sanèsipun. Sampun cuwa ing panggalih.

--- 1037 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Kalawarti enggal. Wontên wartos, golonganing para murid sêkolah ing Surabaya benjing salêbêting wulan Sèptèmbêr ngajêng punika badhe ngêdalakên kalawarti nama Warto Putro, dipun pangagêngi dening Tuwan Sutomo. Kalawarti wau ngangge basa Jawi aksara latin, kawêdalakên sawulan kaping tiga.

Kitha Purwodadi badhe angsal pêpadhang. Kitha Purwadadi ingkang salaminipun namung ngangge dilah limrah, ing sapunika badhe angsal pêpadhang dilah lestrik. Manawi kêlampahan tamtu badhe dados kamajênganing kitha.

[Iklan]

Rantaman nagari kaindhakan. Miturut wartos rantaman nagari ing taun 1938 tumrap: Departement Pangajaran mindhak f 14.100.- pêrlu kangge ngawontênakên pawiyatan Bestuur Academie, ingkang badhe kabikak benjing tanggal 1 Augustus 1938. Tumrap pangrèh praja dipun indhaki f 39.661.- kangge mêwahi punggawa pulisi ing Paresidenan Molukken. Kajawi punika ugi dipun indhaki f 55.000.- kangge tumbas revolver gagrag Colt.

Pamulangan luhur pangadilan. Lulus candidaatsexamen kapisan: Tuwan-tuwan Lukman Hakim tuwin Sumarman. Lulus candidaatsexamen perangan kalih: Tuwan-tuwan T. Moh. Ismail, R. Suyono Hadinoto, F. Vermeulen tuwin nonah R. Ajêng Lapiyah Kusna. Lulus doctoraalexamen perangan kalih: Tuwan-tuwan M. Iskandar, Goan Lie Tjoa, F.A. Siok Hie Ko, Moh. Daliyono Harjosudiro tuwin R. Subêkti.

Margi sêmèn bêton. Pinanggihipun ing tanah ngriki taksih awis margi sêmèn bêton. Ingkang punika, awit saking kajênging Nederlandsch-Indische Wegenvereeniging badhe miwiti damêl wotên ing margi Sêmarang-Dêmak, minangka cobèn-cobèn. Nanging yasan punika ugi dados wiraosan dening waragadipun langkung awis tuwin wontênipun sela ing tanah ngriki botên atos kados banon ingkang dipun angge ing nagari Walandi.

Bêna tètès. Sampun sawatawis dintên, patandon tètès ing pabrik arak ing Paburan, Cilêdhuk, pinanggih borot. Ingriku tètèsipun amlabar dhatêng pundi-pundi, ngantos margi agêng saking Cirêbon dhatêng Cilêdhuk ing sangajênging pabrik wau kêlêban tètès ingkang kandêlipun ngantos 25 cm. Têtiyang ing kanan keringipun ngriku sami ibut, wontên tiyang atusan sami ambêkta blèg tuwin siwur, kangge mêndhêti tètès wau. Sarèhing patandhon wau botên kenging dipun tambal malih, rekadayanipun namung mompa tètès wau dhatêng sanès panggenan.

Ewah-ewahan nama station. Hoofdinspecteur S.S. martosakên, jalaran saking wontêning ewah-ewahan tumrap Pakaryan Post nama Weltevreden dados Batavia-Centrum wiwit kala tanggal 1 Januari 1931, dangu-dangu nama Weltevreden lajêng botên kocap dening têtiyang ing tanah Jawi, dene Bêtawi ugi botên sapintêna kêlimrahing namanipun. Makatên ugi namaning station Koningsplein ugi sampun botên cocog kalihan umumipun. Ing bab punika awit saking mupakating College van Burgemeester en Wethouders gemeente ing Bêtawi, wiwit benjing tanggal 16 November ngajêng punika, namaning station Weltevreden badhe dipun santuni nama Batavia-Benedenstad.

Nyaèkakên pamiyaran lêmbu. Dèrèng dangu ing gudhang S.J.S. Purwodadi nampèni lêmbu pintên-pintên saking Pangarasan tuwin Limbangan. Kintunan lêmbu wau pêrlu badhe kangge nyaèkakên kawontênaning lêmbu ing bawah Purwodadi.

Pamulangan luhur doktêr. Lulus artsexamen perangan kapisan: Tuwan-tuwan Oeij Pie Hian tuwin M. Sunarto. Lulus dados arts: nonah E.J.A. Peters tuwin Tuwan Liem Swie Lam. Lulus candidaatsexamen perangan kalih: Tuwan-tuwan Lie Ik Khian (kanthi pangalêmbana), R. Ardono, F. Versnel tuwin Yo Bwan Hie.

Postpakket ing kantor post Batavia-Centrum ugi dipun tampèni ing wanci sontên. Jalaran saking majênging lampah dagang, anjalari saya kathahing padamêlan ing kantor post agêng ing Batavia-Centrum. Ing bab punika lajêng ngawontênakên tatanan badhe anampèni postpakket ing wanci sontên, wiwit jam 4 dumugi jam 6.

Nikkel tuwin tosan ing tanah ngriki. Miturut wartos wontêning pamêlikan ing tanah ngriki, inggih punika pamêlikan tosan tumuntên badhe dipun wiwiti. Pinanggihing paniti, ing Laronno wontên badhe tosan ing salêbêting siti kintên-kintên 300 yuta ton, tuwin ing Borneo 270 yuta ton. Ing Selebes pinanggih wontên nikkêlipun ingkang pêperanganipun langkung kathah.

Cultuurschool Sukabumi badhe kabikak malih. Miturut wartos, manawi lampahing panggêsangan têtêp sae kados makatên, wontên pangajêng-ajêng bilih Cultuurschool ing Sukabumi badhe kabikak malih. Cultuurschool ing Sukabumi punika sapunika sampun kasuwak, kadadosakên satunggal kalihan Cultuurschool ing Malang.

Comite gêgayutanipun kalihan S.E.M. ing Surakarta. Dr. Satiman, ingkang dados awak-awakaning comite babagan nanggulangi kajênging S.E.M. ing Surakarta mêntas sowan dhatêng Directeur Verkeer en Waterstaat ing Bandung, wigatosing pêrlu milênggahakên ing bab tindaking comite anggèning botên nayogyani dhatêng tatananipun S.E.M. ing Surakarta.

--- 1038 ---

Nanggulangi sêsakit lepra. Tumrap kawontênanipun têtiyang ingkang sami nandhang sakit lepra langkung dipun wigatosakên dening ingkang wajib, ajênging tindak nanggulangi sêsakit wau badhe katindakakên wontên taun ngajêng. Kajawi ing panggenan-panggenan ingkang sampun wontên, ugi badhe ngêdêgakên griya sakit babagan sêsakit punika wontên ing Saparua tuwin Makasar. Tumrap Saparua badhe angsal pitulungan waragad f 11.100, tumrap Makasar tuwin Mênado f 39.800.-

Trowongan ing rêdi Tangkuban Prau. Kawartosakên, pandamêling trowongan ing rêdi Tangkuban Prau sampun mèh rampung, Tuwan Neuman tuwin Croon sampun dhatêng nyatakakên, rampungipun kintên-kintên sawulan malih. Trowongan wau panjangipun 30 m, lomponganipun wontên ing sisih wetan tuwin kidul kilèn, ing têngah wontên guthêkanipun, pêrlu kangge umpêtan samangsa wontên bêbayanipun rêdi wau. Rêdi punika nate anjêblug kala ing taun 1910 tuwin 1929.

[Grafik]

Tiwasipun nonah R.M. Weber. Kados ingkang kawartosakên Kajawèn ingkang sampun kapêngkêr, ing bab wartosipun kasangsaranipun kapal mabur PK. Sap gadhahanipun "Ned. Indische Vliegclub" ing Bandung, anjalari tiwasipun nonah R.M. Weber ingkang ing wêkdal punika tumut numpak ing kapal mabur wau, ing nginggil punika gambar nalika ngubur layonipun nonah wau wontên ing Bêtawi.

Papan panglintingan sês prêmbe saya kathah. Sampun sawatawis dangu ing Blitar tuwin Tulungagung kathah papan panglintingan sês prêmbe ingkang kawontênakên dening sudagar sês, sami manggèn ing dhusun-dhusun, dados botên namung ing pabrikipun kemawon. Ing sapunika papan ingkang kados makatên wau botên namung pinanggih ing kalih nagari punika kemawon, ugi tumular dhatêng Nganjuk. Tindak makatên wau nandhakakên bilih padagangan sês saya majêng. Sanadyan tindak makatên wau tumrap sudagar sês saya mindhak waragadipun, nanging angsal-angsalaning sês saya langkung kathah, makatên ugi tumrap para bêrah saya mayar.

Tanêman nipah ing Banyumas. Awit saking rêrigênipun pangajêng babagan tanêman, angadani badhe nanêm nipah wontên laladan Banyumas, kajawi punika ugi badhe nanêm walur. Tanêman kalih warni wau kakintên badhe sagêd sae, tuwin dados satunggiling padagangan ing tanah ngriki. Kacariyos walur punika lisahipun anggadhahi daya botên sagêd nêmbusakên toya ing sinjang.

Groot Notarisexamen. Lulus Groot Notarisexamen perangan tiga, Mas Jokomardoyo ing Cirêbon tuwin Tuwan H.W. Hazenberg ing Bêtawi.

Pulisi sandi dipun prajaya ing pêsakitan. Wontên satunggiling pulisi sandi ngêtêrakên pasakitan saking Lampung dhatêng tanah Jawi numpak kapal Van Goens. Ing wanci têngah dalu, nalika pulisi sandi wau nêngah-nêngahi tilêm, dipun prajaya dening pasakitan ngantos nêmahi tiwas. Nalika tiyang ingkang kaprajaya wau anjêrit, kathah tiyang ingkang dhatêng têtulung, nanging pasakitan lajêng ambyur ing sagantên, ical tanpa lari. Sarêng lampahing kapal dumugi Mêrak, lajêng kalapurakên dhatêng ingkang wajib.

Lare-lare sami minggat. Sampun sawatawis dintên lare-lare ing landbouwkolonie ing Klakah minggat, jalaran saking botên sênêng dupèh wancining nyambut damêl dipun indhaki tuwin kirang eca têdhanipun. Ing sakawit ingkang minggat lare 14 sarana ambikak langitan, ing wanci dalu. Dalunipun malih wontên ingkang minggat 12. Sarêng enjingipun nalika sawêg sami kapurih nyambut damêl wontên ing kêbon, minggat malih 40. Sarêng directeur tampi palapuran bab punika lajêng lapur dhatêng pulisi. Sanès dintên sampun sami kêpanggih, namung kalih ingkang dèrèng kêcêpêng. Lare ingkang kakintên dados pangajêngipun lajêng kakitunakênkakintunakên. dhatêng opvoedingsgesticht ing Surabaya.

Badhe adêgipun Mosvia ing Bandung. Ing bab badhe adêgipun Mosvia ing Bandung malih, punika katranganipun makatên: ing sakawit pêrlu badhe ngindhaki papan pamulangan ing Mosvia Magêlang, tumrap taun pangajaran 1937-1938 kawêwahan klas 1 kalih panggenan. Manawi taun pangajaran ingajêng, klas 1 wau wontên kalih tuwin klas 2 inggih wontên kalih malih, nandhakakên bilih sampun sêdhêng kathahing muridipun, punika pêrlu ngawontênakên klas 1 satunggal, tuwin klas 2 satunggal ing Bandung.

NAGARI WALANDI

Kasangsaran motor mabur. Kala tanggal 11 wulan punika, motor mabur militèr Koolhoven F.K. 52, dhawah ing Soesterberg saking gêgana saha lajêng kabêsmi. Tiyang kalih ingkang manggèn ing salêbêting motor mabur sami nêmahi tiwas. Salajêngipun motor mabur wau kêbêsmi têlas babar pisan. Nalika motor mabur wau dhawah, wontên calon juru anggêgana ingkang wontên ingandhap kêsèrèt ngantos nandhang tatu, tuwin jalaran saking tatunipun wau, tanganipun wontên ingkang kêdah dipun kêthok.

EROPA

Anggêgana nglangkungi Poel lèr. Ruslan badhe angadani malih lampah anggêgana nglangkungi Poel lèr, ingkang kaping tiga, saking Moskou dhatêng Amerika Sarikat. Nanging sêdya wau lajêng kaundurakên, amargi hawanipun ing Poel lèr ing wêkdal punika awon. Malah miturut wartos saking andon lampah dhatêng Poel lèr ingkang katindakakên dening Sovyet, lampahipun katêmpuh ing angin agêng, ingkang limrahipun pinanggih sabên ing wulan Augustus, papan pakuwonipun para andon lampah ingkang kapasang wontên ing ès kambang, ngantos kentir têbihipun 20 km. tumuju ngalèr ngetan.

AMERIKA

Rêgining auto mindhak. Miturut wartos saking New York, sawarnining auto damêlanipun General Motors ing Amerika sami mindhak rêginipun, wiwit tanggal 9 Augustus, tumrap: Chevrolet 30 dollar; Pontiac cylinder 6 tuwin 8 mindhak 45 dollar; Oldsmobile cyl. 6 tuwin 8, mindhak 45 dollar; Buick serie 40 cm. 45 dollar; serie 80 tuwin 90 mindhak 100 dollar; La Salle tuwin Cadillac 100 dollar. Tumrap auto warni kalih ingkang kantun piyambak punika mindhakipun wiwit tanggal 1 Augustus. Mênggah jalarananing mindhak ingkang makatên punika, botên sanès saking tuwuhing pogokan golongan bêrah, andadosakên indhaking sawarnining rêrêgèn barang. Malah indhaking rêrêgèn punika kapetang sawêg wiwitan, benjing ing taun 1938 badhe mindhak malih.

--- 1039 ---

Wêwaosan

Kramanipun Prabu Wladhimir

4

Dhune sakalangkung bingahing manah saha lajêng mêdal saking ing kamar ngriku. Salajêngipun para cèthi tuwin para inya lajêng sami lumêbêt ing kamar, prêlu anyirami saha ambusanani sang putri sarwa èdi. Sarêng sampun rampung sang putri lajêng kadhèrèkakên sowan sang nata, ingkang ing kala punika kaadhêp ing para pangeran, mantri bupati tuwin para prajurit. Sasampunipun sang putri pamitan dhatêng ingkang rama punapadene dhatêng ingkang sami andhèr ngadhêp ing sang prabu, lajêng kadhèrèkakên miyos ing alun-alun. Wontên ing ngriku utusan nata ing Ruslan kêkalih wau, sampun sumadhiya nêdya amboyong sang putri kabêkta dhatêng nagari Ruslan.

Sang putri lajêng kaangkat saha kainggahakên ing kapal dening Dhune, dene piyambakipun piyambak mapan linggih wontên ing pêngkêranipun sang putri. Sasampunipun, satriya kêkalih wau lajêng ambandhangakên kapalipun, ingkang lampahipun prasaksat kados jêmparing ingkang linêpasakên saking gêndhewa, anuju dhatêng ing praja Ruslan.

III. Pêrang tandhing

Kacariyos lampahipun satriya kêkalih wau. Kapal tansah dipun bandhangakên tanpa wontên kèndêlipun, ngaso-ngaso manawi kasaput ing dalu. Ing ngriku lajêng ngêdêgakên pakuwon motha tiga, kapalipun kasadhiyakakên wontên ing sangajênging kori pakuwon, dêdamêlipun, inggih punika: towok, pêdhang tuwin gada kaglethakakên, saha lajêng sami mapan tilêm. Jalaran sakalangkung sayah saking anggènipun sami soroh amuk wontên ing kadhaton, punapadene saking lampahan ingkang têbih wau, satriya kêkalih lajêng tumuntên sagêd anglês anggènipun tilêm. Makatên ugi sang putri inggih lajêng enggal sare.

Mênggahing Dhobrinya, dhasar pancèn taksih mudha, anggènipun tilêm inggih nglêkêr tanpa emut punapa-punapa. Sanès kalihan pun Dhune, ingkang umur-umuranipun sampun langkung sêpuh katimbang Dhobrinya, sarta sampun asring ngalami bêbaya warni-warni, punika mangrêtos, bilih ing wanci dalu punika kathah bêbaya ingkang ngancam dhatêng sintêna kemawon ingkang supe, amila anggènipun tilêm wau botên kadamêl sasakecanipun, malah tansah prayitna angatos-atos, sanadyan wontên suwara sakêdhik kemawon, sanalika punika pun Dhune inggih tumuntên mirêng. Kintên-kintên wanci têngah dalu dumadakan pun Dhune wau nglilir, kadosdene manahipun karaos, bilih wontên bêbaya andhatêngi. Salajêngipun Dhune inggih lajêng tangi saha mêdal saking pakuwon. Ing dalu punika sangêt anggènipun pêtêng, ngantos pakuwon tiga ingkang pêthak ulêsipun, punapadene kapal kalih ingkang sawêg nêdha gabah, prasaksat botên katingal babarpisan. Sanadyan mripatipun Dhune punika sayêktosipun awas, ewasamantên saking pêtêngipun, ngantos piyambakipun botên sagêd sumêrêp punapa-punapa. Nanging kupingipun ingkang têngên sagêd mirêng sadaya suwara sanadyan liriha kados punapa. Sarêng sampun mirêngakên sawatawis, ing ngriku Dhune mirêng suwaraning kapal ambandhang, punapadene kumrincinging dêdamêl ingkang saya dangu saya anyakêti ing papan ngriku. Salajêngipun Dhune nuntên angunandika makatên: E, ladalah, dadi gênahe sang prabu iki arêp migunakake pêtênging wêngi, lan anggone aku kloron turu kêpati jalaran saka sayahe, kanggo angrêbut putrane putri iki, lan bokmanawa krêsane iya nêdya mrêjaya aku sakloron. Sasampunipun ngunandika makatên wau, Dhune lajêng enggal-enggal lumêbêt ing pakuwon malih anggugah mitranipun tuwin mungu sang putri, saha lajêng cariyos dhatêng Dhobrinya makatên:

Rungokna kang prêmati, Dhobrinya, aku mêntas krungu suwaraning jaran lumaku, kira-kirane ana tindhihing prajurit kang magêdhèni prajurit sawatara, kang nututi mrene. Prêlu ngrêbut sang putri nêdya kakondurake marang kadhaton manèh. Saiki kowe enggal-enggal pangkata anggawa sang putri mênyang praja Ruslan, sang putri aturna marang sang prabu. Awit ing sêmu pancèn wis tinakdirake dening ingkang Kuwasa, yèn sang putri iki dadi têtimbangane gustiku. Kajaba iku, aturna sêmbah pangabêktiku marang sang prabu, sanadyan tumêka ing pati pisan, aku tansah nêdya sêtya lan mituhu marang sang nata, sabab aku saikine arêp kèri ana ing kene nêdya mêthukake prajurit kang têka iki. Prêlune supaya aku bisa pêrang tandhing mungsuh karo tindhihing prajurit mau. [ma...]

--- 1040 ---

[...u.] Supaya aja nganti prajurit ing Litowên duwe pandakwa, yèn satriya Ruslan tinggal gêlanggang colong playu.

Sanalika punika Dhobrinya nginggahakên sang putri wontên ing kapal, mapan linglihlinggih. ing pêngkêranipun, saha lajêng pamitan dhatêng Dhune sarwi wicantên makatên: Kula sêsuwun ing Pangeran, mugi-mugi panjênêngan sagêda ngundurakên mêngsah ingkang dhatêng punika.

Sasampunipun wicantên makatên: Kapal lajêng kabandhangakên anuju dhatêng Kiyèph. Lan jalaran saking pêtêngipun, sakêdhap kemawon sampun botên katingal malih. Dene pun Dhune enggal-enggal lajêng nyengklak kapalipun, botên watawis dangu kapal nuntên kabandhangakên wangsul nuju dhatêng Litowên malih prêlu mêthukakên mêngsah ingkang dhatêng punika wau.

Lampahipun Dhune botên dangu lajêng sampun sagêd pinanggih kalihan mêngsah ingkang anututi wau. Kala punika sampun gagat enjing, pêtênging dalu sampun mèh ical, padhanging surya sagêd amadhangi satriya kêkalih ingkang sami abên ajêng wau. Ing ngriku têtela, bilih mêngsah ingkang dhatêng punika, tanpa kanthi, namung ijèn kemawon. Tanpa mawi takèn-tinakèn rumiyin, ing ngriku lajêng tumuntên tuwuh pêrang tandhing ingkang sakalangkung rame. Satriya kêkalih wau sakawit ngundurakên kapalipun ngantos sawatawis têbih prêlu ngancang-ancangi anggènipun badhe nêmpuh. Sasampunipun mundur sawatawis têbih, satriya kêkalih wau lajêng ambandhangakên kapalipun kakêtog, têmpuhing kapal kalih punika, kadosdene gêlap sasarêng nampar. Salajêngipun prajurit kêkalih wau lajêng nyandhak gadanipun saha lajêng sami gêbag-ginêbag, nanging gada kalih pisan sami tugêl, ingkang salajêngipun nuntên kabucal. Ing ngriku prajurit kêkalih lajêng ngundurakên kapalipun malih ngantos sawatawis têbih, sarta lajêng têmpuh gapyuk malih kados ing ngajêng. Samangke kalih-kalihipun nyandhak pêdhangipun saha sami pêdhang-pinêdhang. Sasampunipun pêrang makatên ngantos sawatawis dangu, pêdhangipun ingkang landhêp wau lajêng dados kêthul, ingkang kapêksa lajêng kêdah kabucal malih. Samangke kapal kaundurakên sawatawis malih, kapal lajêng kabandhangakên sakiyatipun, lan sarana dêdamêtdêdamêl. towok kalih-kalihipun lajêng sami têmpuh gapyuk malih sora sangêt. Nanging sapisan punika têtela bilih Dhune langkung kiyat katimbang mêngsahipun, awit ing ngriku Dhune sagêd andhawahakên mêngsahipun saking kapal ngantos dhawah ing siti. Ing kala punika Dhune botên lajêng amêjahi mêngsahipun, nanging pucuking towok katututakên ing dhadhaning mêngsah murih mêngsahipun botên sagêd tangi malih, sarwi awicantên makatên:

He, satriya kang kêndêl lan prawira, sadurunge kowe tiwas dening aku, tutura dhisik nyang aku, ing ngêndi pinangkamu, sapa kêkasihmu, lan sapa bapa ibumu, aja nganti mati tanpa aran.

Wangsulanipun ingkang tinakenan: He, Dhune, apa kowe pangling nyang aku, ing môngka dhèk biyèn kowe kêrêp bangêt bêbarêngan nunggang jaran karo aku. Mangkono uga kowe kêrêp bêbarêngan mangan tunggal sameja karo aku. Yèn ora kaliru kaya-kaya dhèk biyèn kowe wis tau ngawula marang kangjêng rama lawase sangang taun.

Ing salêbêtipun wicantên makatên wau, kalayan ambikak topèng tuwin topinipun waja, ing sakala punika Dhune inggih lajêng sumêrêp, bilih mêngsahipun wau botên sanès, kajawi Dèwi Natasiyah, putra-putrinipun nata Litowên ingkang sêpuh, amila piyambakipun inggih lajêng mêndhak saha umatur dhatêng sang putri makatên:

Dhuh, sang putri, prajurit wanita ingkang utami, punapaa têka panjênêngan anututi mriki, lan têka panjênêngan kaparêng tindak piyambakan ing wanci dalu.

Salêbêtipun matur makatên wau, Dhune kalihan mungokakên sang putri saking anggènipun dhawah. Salajêngipun sang putri nuntên angandika makatên:

Anggonku nututi nganti têkan ing kene, sanyatane sabab kowe anginggatake adhiku wadon kang tak trêsnani bangêt. Mungguhing aku salawas-lawase mung tansah anjajah desa milangkori, kuwi prêlune ora liya mung bisa anêmoni satriya kang gêlêm pêrang tandhing kalawan aku, lan prasêtyaku, sing sapa bisa ngalahake juritku, iya iku sing dadi guru lakiku.

Dhune umatur: Putri Natasiyah, kula kêkalih botên nginggatakên rayi panjênêngan Dèwi Aprasiyah. Anggèn kula kêkalih sagêd amboyong sang putri wau, kanthi palilahipun sang nata, inggih rama paduka, inggih punika: sasampunipun kula kêkalih mangsah pêrang tuwin sagêd angawonakên para pangeran, mantri bupati tuwin para prajurit ing Litowên. Dene rayi paduka Dèwi Aprasiyah, punika badhe kula aturakên dhatêng nata ing Ruslan, Prabu Wladhimir, minôngka dados têtimbanganipun.

Kalih-kalihipun sawatawis dangu kèndêl adêg-adêgan abên ajêng, ing wusana Dhune lajêng nyandhak astanipun sang putri sarwi matur makatên: Dhuh, sang putri, punapa panjênêngan krêsa dados momongan kula.

Ing ngriku sang putri ing sêmu katingal lingsêm saha lajêng andhingkluk. Ing bab panarosipun Dhune wau, sang putri botên sagêd amangsuli punapa-punapa kajawi namung manthuk. Badhe kasambêtan.

--- 125 ---

Nomêr 32, taun II.

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam. Kawêdalakên sabên Rêbo.

Jagading Wanita

Kawruh Warni-warni

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 64

Lan ing gulu kausapana lisah pêthak sakêdhik, dene manawi watukipun ragi rêkaos, ing dhadha kakomprèsa mawi toya angêt, nanging sampun ngantos andalèwèr, sok ugi asrêp kacêlupna malih ing toya angêt, lan ing wanci sontên gêgêr sarta dhadha, kakêrikana mawi brambang sigaran lan lisah pêthak, alon-alon kemawon, poma sampun mawi barang atos.

Wondene lare manawi pinuju pilêg lan watuk, sampun ngantos kaêdusan, cêkap kasibin ing toya angêt, ing wanci sontên sirah sampun ngantos kenging toya, yèn enjing katêlêsana ingkang ragi kaduk, nanging sampun ngantos ngèngingi badan, awit badaning lare kraos pating grêgês, nanging dèrèng sagêd cariyos, dados namung nangis kemawon, wah, mêmêlas sangêt.

Bab Sakit Gomên

Lare bayi punika manawi badhe gomên, wontên titikipun makatên, ing nglêbêt cangkêm utawi lambe wontên pêthak-pêthakipun, kadosdene toya sêsêpan kanthil, nanging sajatosipun sanès. Yèn katawis makatên, sampun ngantos kasèp, nuntên kajampenana kados ing ngandhap punika:

Mêrtega 1 sendhok dhahar, kabênteran ngantos cuwèr, yèn sampun mangêt-mangêt, kaosèr-osèrna ing cangkêm, ragi kapêtêl sakêdhik, mawi suwèkan ingkang rêsik tur êmpuk, utawi kapas, ngantos wongsal-wangsul, mangke gomipun rak katut, jampi punika katindakna enjing sontên.

Dene manawi botên wontên mêrtega, lisah klêntik ugi kenging, kagodhogan kalihan rajangan brambang sakêdhik, dene patrapipun sami kemawon.

Kajawi punika kula ngaturi pèngêt sakêdhik, cangkêm bayi punika sabên dintên kêdah dipun rêsiki, mawi toya matêng, kausap-usapakên, paedahipun nêbihakên sêsakit.

Lan malih sadaya ingkang kasêbut wau, sasagêd-sagêd kaastaa piyambak. Ing ngriki kula matur sakêdhik [sakê...]

--- 126 ---

[...dhik] dhumatêng para putri, ingkang krêsa sarta priksa, bab pangupakaraning salira, tumrap para putri supados awèt ênèm sarta kiyat lan malih ngrêsêpakên, awit bab punika rumaos kula ugi prêlu, pramila sintên sadhèrèk ingkang priksa, mugi kalêbêtna ing jagading wanita ngriki, awit kula piyambak dèrèng sumêrêp.

Bok Wir, ing Surabaya.

Sêratan (Bathikan) Cakrik Kina

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 64.

Amargi pola kina punika panyorèkipun botên tamtu wontên ing dlancang, trêkadhang kacorèk ing montên awon, sarta kasêrat (bathik) mawi lilin (malam). Kajawi punika, upami sêpêning pola, taksih sagêd pitakèn nêdha katrangan, jalaran bathikan kina punika satunggal-satunggaling cakrik, mawi nama piyambak-piyambak, upaminipun: bathikan cakrik makatên punika, namanipun makatên. Namung nama-nama wau tumrap ing satunggaling panggenan lan sanèsipun, sagêd cocog punapa botên, punika nyumanggakakên.

[Grafik]

Lare-lare èstri nuju nyinau ambathik.

Mênggah dhasaring sinjang bathik punika, grêbanipun wontên warni kalih, inggih punika ingkang limrahipun dipun wastani: latar pêthak, lan latar cêmêng. Latar pêthak wau wontên warni kalih, kawastanan: latar pêthak, bledhak, saha latar pêthak unthêr. Makatên ugi latar cêmêng, punika inggih warni kalih, latar cêmêng sogan, tuwin latar cêmêng kêlêngan. Wondene wujuding sinjang babaran ingkang dhasar latar pêthak, bledhak utawi unthêr, punika warninipun beda, inggih punika tumrap wêdalan ing Surakarta, babaranipun: jêne sêpuh kados êmas. Tumrap wêdalan ing Ngayogyakarta, babaranipun: pêthak mêmplak, kados salaka. Dene ingkang wêdalan kitha sanèsipun, babaranipun: jêne sêmu abrit, kados suwasa.

Dene nama-namaning sinjang bathik sêratan (carik) punika kathah sangêt, ingkang sampun kula mirêngi kemawon, tumrap sinjang bathik carik (sanès cap-capan) ingkang bangsaning garis miring utawi lèrèng parang-parangan, nama: udanriris, rujak senthe, parangrusak, klithik, parangrusak barong, parangkusuma, parikêsit, parangcênthung, parangbaris, parangparung, parangcanthèl, rèjèng, mêrangbodhol, saha dlèrèng gêbyar.

Sêratan (bathik) ingkang corak bangsaning sêmèn, nama: sêmèn rama, sêmèn angrèni, sêmèn joli, sêmèn gendhong, lan wontên warni sanèsipun [sa...]

--- 127 ---

[...nèsipun] malih, nanging kenging kagrêba, sadaya ingkang nama sêmèn punika, bathikanipun mawi gambar êlar pêjah utawi êlar gêsang, inggih êlar agêng utawi êlar alit, saha mawi gambar joli utawi krêmun. Dene ingkang sanès sêmèn, nanging ugi polan, têgêsipun sêratan (bathik) panyêratipun mawi pola, tanpa garisan, punika wontên ingkang nama: gêndhalagiri, lung anggur, ayam pugêr, gringsing, pisang bali, cuwiri, kêmbang sruni, mêrak ngigêl.

Bathikan ingkang corak bangsaning cêplok, nitik utawi sulaman lan sapanunggilanipun, nama: pandêlêgan, jamblang, kambil sacukil, wora-wari rumpuk, sidaluhur, sidamukti, satriya wibawa, madubrônta, ganggong, tirtateja, truntum, limarar,limaran. kêmbang pala, sarimulat, cakar kêmbang cêngkèh, mulatsih, kêmbang kênthang, sarironce. Sawêg samantên namaning sinjang bathik ingkang sampun kula mirêngi, mila punapa wontênipun kula aturakên ing ngarsanipun para maos, namung kangge ngêbyungi rêmbag ing bêbukanipun sadhèrèk Siti Mariyam. Wasana manawi wontên sarusiku, mugi sampun kirang pamêngku, dhumatêng kula pun: Nyai Hanim.

Bab Dhêdhaharan

Jênang

Wontên ing tanah Pasundhan, jênang punika dipun wastani dhodhol. Mèh sadaya wowohan ingkang dipun têdha, kenging dipun jênang, kados ta: jênang durèn, jênang pisang, jênang rambutan, jênang nanas, jênang tape pohung, jênang nôngka sabrang, jênang kêdhondhong, jênang pêlêm, jênang manggis. Ing ngandhap punika cara pangolahipun jênang ingkang kasêbut ing nginggil wau.

Jênang durèng

Mundhuta durèn 3 iji, nuntên dipun oncèki. Manawi sampun lajêng kapêndhêtana dagingipun. Sasampunipun rampung, lajêng kawadhahana ing wajan, dipun sukani gêndhis salêginipun, pangudhêgipun sampun ngantos kèndêl mindhak sangit, latunipun kêdah ingkang agêng sarta sampun ngantos ngukus. Manawi jênang wau sampun sat sarta sampun kênthêl, punika tôndha sampun matêng. Manawi sampun matêng lajêng kaêntas sarta kawadhahan ing lodhong lajêng katutup ingkang rapêt supados botên anjamur.

Jênang pisang

Pisang kêpok utawi pisang saba 1 lirang dipun kukus lajêng dipun oncèki, manawi sampun dipun jur, dipun sukani gêndhis sacêkapipun sarta lajêng dipun godhog samatêngipun, jênang wau kenging dipun buntêli alit-alit.

Jênang rambutan

Mundhuta rambutan saombyok lajêng kaoncèkana, sasampunipun rampung lajêng dipun sukani gêndhis saha nuntên kagodhog tanpa toya. Latunipun ingkang cêkapan kemawon, manawi panggodhogipun sampun kênthêl, lajêng kaêntas sarta kawadhahn ing gêlas utawi dipun buntêli.

--- 128 ---

Jênang nanas

Mundhuta nanas ingkang agêng 2 iji, dipun oncèki sarta dipun icali isinipun. Nanas wau lajêng dipun sigari sarta lajêng kagodhog sacukilanipun wau, manawi sampun umob lajêng kaêntas sarta nuntên kaparud, duduhipun nanas wau kenging dipun damêl sêtrup, dene ampasipun inggih kenging dipun damêl jênang utawi sêle, nanging pamêndhêtipun toya nanas wau botên kenging kêkathahên. Mênggah panggarapipun jênang nanas punika makatên: ampas wau katimbanga rumiyin. Manawi bobotipun ampas wau 1 pun, gêndhisipun inggih 3/4 pun. Manawi nanas wau sampun dipun sukani gêndhis lajêng dipun godhog samatêngipun, nuntên dipun êntas sarta kadèkèk wontên gêlas utawi lodhong. Jênang wau inggih kenging dipun buntêli alit-alit sarta lajêng dipun êpe ngantos garing.

Jênang tape

Tape tela dipun jur ngantos lêmbat sarta dipun sukani gêndhis lajêng dipun latoni. Manawi sampun asat lajêng kaêntas sarta dipun lèr wontên loyang. Sasampunipun asrêp lajêng dipun irisi sarta lajêng dipun pe malih sagaringipun sarta dipun wur-wuri gêndhis.

Jênang nôngka sabrang

Mundhuta nôngka sabrang ingkang agêng 1 iji, gêndhis salêginipun, nôngka wau dipun oncèki sarta dipun icali isinipun, manawi sampun rêsik lajêng dipun sukani gêndhis sarta lajêng dipun godhog samatêngipun, langkung sae anggènipun anggodhog wontên manci, supados botên cêmêng. Manawi sampun asat sarta sampun matêng, lajêng dipun êntas, dipun wadhahi lodhong utawi ing gêlas.

Jênang kêdhondhong

Mundhuta kêdhondhong ingkang sampun matêng, dipun oncèki, sarta lajêng dipun parud. Manawi sampun rampung lajêng dipun ayak ngangge kalo utawi kukusan supados ical sontrotipun, manawi sampun rêsik kaparingana gêndhis salêginipun, nuntên dipun godhog. Panggodhogipun botên kenging kagêngên latu, sarta pangudhêgipun sampun ngantos kèndêl awit gampil sangêt anggènipun sangit, manawi sampun matêng lajêng kaêntas sarta lajêng kawadhahan ing lodhong utawi dipun buntêli alit-alit.

Jênang pêlêm

Pêlêm ingkang taksih mêntah dipun oncèki sarta lajêng dipun parud, manawi sampun rampung, lajêng dipun latoni sarta dipun sukani gêndhis, cêngkèh, tuwin manis jangan. Manawi sampun matêng lajêng dipun êntas sarta kawadhahana ing gêlas utawi dipun buntêli.

Jênang manggis

Mundhuta manggis ingkang sampun matêng, dipun oncèki, sarta dipun sukani gêndhis lajêng dipun latoni samatêngipun. Latunipun botên kenging kagêngên sarta pangudhêgipun sampun kèndêl manawi jênangipun dèrèng matêng, isinipun ugi eca kadhahar.

Namung samantên atur kula bab jênang, sumôngga sami nyobi saking sakêdhik.

Suparti.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 67 Stu, Pn, 14 Jumadilakir, Ehe 1868, 21 Agustus 1937, Taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm: tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun : Pangungsêt - Bab sêsakit edaning sêgawon - Kawontênan ing Mêsir - Kabangsan ing Papuah - Pandhu ing tanah ngriki sadumuginipun Rottêrdham - Kawontênan ing Lubuk Linggo - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Suka Sarana

Suka Sarana, punika pinanggihipun wontên ing pawayangan awarni danawa bajang, wujudipun sarwa kuciwa, inggih punika sadhèrèkipun Radèn Sumantri. Miturut katrangan ing Sêrat Arjunasasra wêdalan Bale Pustaka, candranipun sarwa botên kêpilih. Pêthikanipun :

[Dhandhanggula]

duk laire binuwang wanadri / ingkang rama sangêt merangira / de putra salah kadadèn / binuwang amrih lampus / jroning jurang parang tur curi / grêng ori pinggir jurang / pêpèrènge parung / yèku wana pangalapan / gèn drubiksa jalma mara jalma mati / tan ana wani ngambah //

nanging Sukasrana nora mati / pirang taun anèng wanapringga / diwasa tan mundhak gênge / kulit anjêruk purut / ulês cêmêng yayah minangsi / waja ngringih ngri pandhan / mringis sarta ampuh / irung têmpak bathuk banyak / netra lêgok gulu cêndhak pundhak kêpis / rambute arang abang //

gigir wusu wungkuk bokong nyanthik / nyakathakan pekoh pupunira / bèkèl tur bodong wudêle / yèn ngucap grawul-grawul / pêgat-pêgat nanging prak-ati / ala ratuning ala / saruning asaru / wil bajang kèh cacadira / suprandene maksih kaduman prak-ati / wantuning trahing tapa //

Ing bab kawontênanipun Radèn Sukasarana ingkang kados makatên punika, manawi dipun encokna dhatêng ngèlmon, tumraping tiyang kêdah angakêni bilih ugi kadunungan danawa bajang kados makatên. Namung tumraping panggrayang danawanipun ingkang pundi, tuwin kasêktènipun kados punapa, punika ingkang nuwuhakên panggagas.

Mênggahing panggrayang, rasêksa punika pindhaning kanêpson, tiyang tanpa kanêpson tamtu badhe sarwa tanpa tekad, nanging kanêpson wau tamtunipun inggih botên kenging namung dipun unggar, inggih kêdah pados kanêpson ingkang mawa kasêktèn, têgêsipun kasêktèn ingkang lèrèg dhatêng karahayon.

Sarèhning miturut nalar, karahayon punika botên purun amor kalihan ingkang botên rahayu (kanêpson), dados kanêpson ingkang awon punika sagêdipun pêpisahan santun dados rahayu, kêdah pêjah kados pêjahipun Radèn Sukasarana, ingkang lantaranipun tuwuh saking wasesanipun Radèn Sumantri. Dados mênggahing panggagap, pêjahing Sukasarana, punika inggih adêging Sumantri ingkang yêktos.

Nanging andharan ingkang kados makatên punika prayogi kaanggêpa kados omong kosong kemawon, murih amêldamêl. marêmipun ingkang dèrèng andungkap.

Cêkruktruna.

--- 1042 ---

Bab Kasarasan

Bab Sêsakit Edaning Sêgawon (hondsdolheid)

Sambêtipun Kajawèn nomêr 64

Sanajan kala samantên para dhoktêr sampun sami pitados, bab pamanggih tuwin jampi suntikan ingkang kangge sêsakit miltvuur dhatêng menda utawi lêmbu, nanging pamanggihipun tuwan Pasteur ing bab wontênipun kruma utawi wisa ingkang sagêd nukulakên sêsakit edaning sêgawon, punapa malih bab wontênipun kruma (baksil) ing pundi-pundi panggenan utawi ing barang, lan kangge ngrêsiki utawi ngicali kruma wau dhoktêr lan sasaminipun kêdah ngumbah tanganipun rumiyin, prabot-prabot kêdah dipun godhog, makatên punika dipun anggêp lalawora.

Ing wanci dalu kulawarga Pasteur rampung dhahar têrus lêlênggahan ngêpang meja dhahar, nyonyah Pasteur matur: Punika wau panjênêngan tampi sêrat expresse saking Inggris, punapa kenging kula bikak. Tuwan Pasteur ngandika : Saka Inggris, mêsthine layang saka Lister, mara wacanên.

Katur paduka ingkang minulya dhoktêr Pasteur.

Sêrat sêbaran (brochure) panjênêngan ingkang mratelakakên bab infectie ingkang sagêd kadadosan ing pundi-pundi panggenan punika angeram-eramakên, para dhoktêr ing Inggris, sami sarujuk lan mufakat bilih para dhoktêr lan punggawanipun yèn badhe andêmèk utawi ngupakara tiyang ingkang sakit, kêdah rêrêsik tanganipun lan prabot potong kêdah dipun godhog utawi sanès-sanèsipun rumiyin. Ing Brussel lan ing Praag para dhoktêr sampun sami manut pranatan panjênêngan, griya-griya sakit sampun dipun tata manut pranatan wau, dados tiyang èstri ingkang badhe manak, prayogi kalêbêtakên ing griya sakit ing Brussel utawi Praag ingkang sampun wontên pranatan ingkang sangêt prayogi punika.

Pangandikanipun tuwan Pasteur: Annette bêcik diboyong bae nyang Brussel, dhoktêr ing Parijs kene ... durung mitayani.

Ingkang garwa matur : Panjênêngan punika dados sagêd mitulungi dhatêng tiyang èstri ingkang nglairakên jabang bayi kanthi wilujêng.

Tuwan Pasteur saking bingahipun akaca-kaca kados muwun, pangandikanipun lirih: O, Lister panggalih sampeyan punika barès tuwin suci, kula matur sangêt nuwun dhatêng wiyosing pangandika panjênêngan ing sêrat punika. Salajêngipun ngandika dhatêng ingkang garwa: Marie saiki pagaweanku luwih abot, amarga kudu ngudi lan anggolèki tômba kanggo nanggulangi lêlara edaning asu.

Botên dangu wontên suwara glodhagan kados kewan ing kandhang. Tuwan Pasteur tuwin ingkang garwa sami kagèt, ingkang garwa wicantênipun: suwara apa kae.

Tuwan Pasteur : Ora ana apa-apa, bokmanawa asu edan. Marie kowe anaa ing kene bae, dak mênyang Laboratorium nêmoni dhayoh. Ing ngajêng dalêmipun tuwan Pasteur pinanggih [pinang...]

--- 1043 ---

[...gih] tuwan dhoktêr kewan ambêkta sêgawon edan wontên ing kandhang, badhe kabêkta dhatêng Laboratorium, prêlu kadamêl cobèn tumrap papriksan wisanipun sêsakit sêgawon edan wau.

Sêgawon edan agêng wontên ing nglêbêt kandhang alit, dados glebagan tuwin sribêtan ngupados margi badhe mêdal, cangkêm lan congoripun gupak lan kêbak umpluk pêthak arêgêd.

Sêgawon wau lajêng dipun êdalakên saking kandhangipun dening Martel kalihan Roux kanthi ngatos-atos, dipun tangsuli kêncêng wontên ing meja potong.

Tuwan Pasteur ngandika: Cêkêlana sing kukuh lan kêncêng aku arêp anjupuk umpluke.

Tuwan Pasteur mêndhêt pipa gêlas pucukipun dipun tèmplèkakên ing congoripun sêgawon wau, pucukipun pipa ingkang dipun asta kasêrat dening tuwan Pasteur, umpluk lajêng sagêd lumêbêt ing pipa wau.

Ing wêkdal Tuwan Pasteur nyêrot ing pipa punika garwanipun lumêbêt ing Laboratorium matur: Louis bok inggih sampun dipun lajêng-lajêngakên makatên. Tuwan Pasteur mriksani ingkang garwa sarta ngandika: Aku mêsthi ngudi lan anggolèki tambane lêlara iki nganti kêtêmu, awit iki prêlu bangêt kanggo nulungi wong akèh.

Sasampunipun umpluk kalêbêtakên ing gêbyas alit, tuwan Pasteur ngandika : dêlêngên iki ora apa-apa.

[Iklan]

Ing wêkdal parêpataning para dhoktêr malih, ingkang dados pangarsa Dr. Charbonnet ingkang pancèn botên cocog utawi botên mathuk kalihan pamanggihipun tuwan Pasteur, lan botên pitados bilih kruma utawi kewan ingkang botên kasat mripat sagêd dados sabab anukulakên sêsakit edaning sêgawon utawi sêsakit sanèsipun, manahipun gêla sangêt dene para dhoktêr kathah ingkang sami amapali rêmbagipun, saha mathuk kalihan pamanggihipun tuwan Pasteur, punapa malih ing ngriku wontên dhoktêr Zaranoff saking Ruslan, minôngka utusaning nagarinipun nyuwun palilah ngadêg amêdhar sabda makatên :

Badhe kasambêtan.

R. Sumadirja, Ind. Arts. Sêmarang.

--- 1044 ---

Kawontênan ing Mêsir

Sampun sawatawis dangu, sasedanipun nata Mêsir suwargi, putra nata ingkang asma Faroek lajêng kajumênêngakên nata sumilih kaprabon ing Mêsir. Nanging sarèhning kala samantên dèrèng yuswa, jumênêngipun yêktos, ngêntosi manawi sampun diwasa.

[Grafik]

Sang Nata Faroek ing Mêsir nalika kajumênêngakên

Sarêng sampun dumugi dintên titimangsanipun, Sang Raja Faroek kajumênêngakên kanthi pahargyan manut tatacaranipun praja Mêsir, sang prabu lajêng nampèni pêdhang pusaka ingkang run-tumurun dhawah ing astaning nata Mêsir. Pahargyanipun ing kala jumênêngan wau ngantos adamêl orêging nagari, tiyang sapraja sami tumut suka, ningali dhatêng papan ingkang kangge tindak sang prabu.

Ing margi-margi ingkang dipun langkungi sang prabu dipun tatani baris bêbanjêngan tanpa pêdhot, para narapraja tuwin para pangagêng sami anggarubyug tindak nata, punapadene anjajari kêkapalan. Tindak-tandukipun sadaya sampun angiribi tatanan ing Eropah, bedanipun namung katitik anggènipun sami ngangge kopyah, ingkang dados tandhaning Islam, ewasamantên malah katingal sarwa mantêsi.

--- 1045 ---

Jumênêngipun Nata Mêsir Raja Faroek punika kenging dipun wastani kawontênanipun sarwa enggal, dumugining ingkang ngasta paprentahan luhur ugi santun tatananipun.

Manawi mirid kawontênanipun nagari Mêsir pancèn sampun dangu anggènipun ngawontênakên tatanan ingkang murih kamajênganipun praja, ingkang tumindakipun agêgayutan tatanan-tatanan lami ingkang sampun tumindak dasanan taun, kanthi ngawontênakên ewah-ewahan sagêdipun anocogi kalihan kawontênan ing sapunika.

[Iklan]

Pinanggihing kamajênganipun praja tansah mindhak-mindhak tuwin saya katingal dumugi môncapraja. Tumraping pangajaran, ing Mêsir misuwur wontên pamulangan luhur dhêdhasar Islam nama Al Azhar, punika sampun kasumêrêpan ing bab saening wulanganipun, mila kathah mahasiswa saking nagari pundi-pundi ingkang sami sinau mriku, malah para neneman ing tanah ngriki ugi kathah ingkang nglajêngakên sinau dhatêng Al Azhar, ugi sampun kathah ingkang lulus saha wangsul dhatêng tanah ngriki.

Malah ing bab ajênging pasinaon wau para pangagêng Al Azhar ing Mêsir angadani ngintunakên para neneman ing Mêsir ingkang lulus saking Al Azhar dhatêng pamulangan-pamulangan luhur ing Eropah, saha pinanggihipun amarêmakên, sami sagêd lulus pasinaonipun, wangsulipun dhatêng Mêsir sami ambêkta kawruh luhur. Mila salajêngipun lumintu tansah ngintunakên para mudha wêdalan Al Azhar dhatêng Eropah. Mênggah kajênging para pangagêng Al Azhar wau, supados mahasiswa ing ngriku punika sumêrêp dhatêng lêbêting agami Islam, nanging ugi nyumêrêpana dhatêng tata gêgayutanipun kalihan babagan umum.

Tumraping babagan kaprajuritan, pinanggihipun sampun botên nguciwani, dumugining wadya anggêgana pisan ugi sampun gadhah tuwin botên nguciwani. Malah nate ngawontênakên ajar-ajaran pêrang ing gêgana, tandangipun ingkang sami ulah pêrang sampun mitadosi, sagêd nindakakên anggêgana andhap tuwin alon, punapadene andhawahakên bom saking gêgana.

Ing bab kamajênganipun nagari Mêsir, saya dangu saya katingal, tuwin darajating praja saya mumbul. Ingkang dipun wastani kamajêngan wau inggih ing bab punapa kemawon. [ke...]

--- 1046 ---

[...mawon.] Saya tumraping gêgayutanipun Mêsir kalihan Inggris, punika pancèn sampun dangu tansah dados rêmbag tuwin ugi sakalangkung wigatos. Rêmbagipun nagari kalih wau wosipun botên sanès, tumrap Mêsir ngudi kamardikaning praja nglangkungana kados ingkang sampun.

[Grafik]

Arak-arakan jumênêngan

Sayêktosipun ing bab babagan punika sampun wiwit kala nata suwargi, malah minggahipun dumugi nata ing sanginggilipun inggih sampun wontên rêmbag. Nanging sarèhning babagan ingkang dipun kajêngakên wau botên cêkap dipun rêmbag dening nagari kalih punika kemawon, mila lulusing sêdya wau inggih ngantos dangu.

Sarêng jumênêngipun nata ing sapunika, bêbasanipun kantun manggih klasa gumêlar, kantun napak tilas punapa ingkang sampun wontên. Nanging sarèhning kawontênan enggal punika inggih kanthi wawasan enggal, tumrap panjênênganipun nata ing sapunika ugi lajêng nyarirani kanthi lêpasing panggalihanipun piyambak.

Namung sêsulakipun, nagari Mêsir ing wêkdal punika cinakêtan ing katêntrêman.

Pawartos saking Redhaksi

Sadhèrèk M. p/a sadhèrèk S. ing Kêbumèn. Redhaksi Kajawèn ngaturakên gênging panuwun kalintunan potrèt, tuwin ngaturakên pamuji, mugi sadhèrèk S.H. sagêda kadumugèn ingkang dados karsanipun. Namung sampun andadosakên cuwa ing panggalih, gambar babagan makatên punika pakèwêd kapacak ing Kajawèn, amargi ugi wontên panunggilanipun, botên kapacak.

--- [1047] ---

Pandhu ing Tanah Ngriki Sadumuginipun Rottêrdham

[Grafik]

Para Pandhu samandhapipun ing Rottêrdham lajêng nêningali dhatêng pundi-pundi, ugi dhatêng Kolonial Insêtitut ing Amsêtêrdham (gambar sisih kiwa nginggil piyambak). Sasampunipun saking ngriku lajêng dhatêng papan jambore ing Vogelenzang.

Ing ngriku katingal tandanging para mudha pandhu anggèning nyinau gambar papan anggèning badhe damêl pakuwon, tuwin pandamêlipun. Gambar nginggil tuwin ngandhapipun.

Sarampunging anggènipun tumandang ing damêl, lajêng sami tumindak caraning gêsangipun pandhu wontên ing purug, wontên ingkang sami ambêkta roti ingkang sampun dipun iris-iris, wontên ingkang sawêg sêsarêngan nêdha. Wontên pandhu saking tanah ngriki gitaran ngrumpaka kawontênanipun tanah ngriki wontên ngajêngipun tiyang kathah ing wanci dalu.

--- 1048 ---

Tanah Dalah Tiyangipun

Kabangsan ing Papuah

Nadyan sampun kathah buku-buku, sarta andharan-andharan kawrat ing kalawarti utawi ariwarti, ingkang nêrangakên kawontênanipun kabangsan ing Papuah, nanging orean kula punika mêksa kula suwunakên papan wontên ing udyana Kajawèn ngriki, lowung bokbilih sagêd mêwahi jangkêping katêrangan-katêrangan sawatawis bab kawontênanipun têtiyang siti ing tanah Papuah, Niugineyah. Dene ingkang badhe kula aturakên punika, kalêmpakan saking sêsêrêpan kula piyambak, angsal-angsal saking sawênèhipun priyantun ingkang sampun sawatawis dangu kondur angajawi, saking anggèning nglampahi wajib dados priyantun pangrèh praja ing tanah Papuah, tuwin saking cathêtan-cathêtan sanèsipun.

[Grafik]

Bôngsa Mêmbaramo, Papuah.

Ing salêbêtipun pulo Papuah ingkang jêmbar sangêt punika, botên ngêmungakên dipun dunungi têtiyang siti ingkang taksih wanan kemawon, kados pangintênipun sadhèrèk Jawi ingkang kathah-kathah. Nanging inggih ugi kathah têtiyangipun siti ingkang sampun tata, malamalah. bokmanawi cacah jiwanipun langkung kathah tinimbang ingkang taksih wanan. Sarta sanadyan dêdunung wontên ing papan ingkang hawanipun bêntèr, ugi wontên ingkang pakulitanipun pêthak. Dene dhêdhapukaning tatacaranipun inggih sampun angèmpêri kula sadaya punika, nanging sarèhning botên sêsrawungan kalihan jagad agêng, kamajênganipun kenging winastan botên wontên, utawi rêndhêt sangêt.

Ingkang badhe kula oreakên ing ngriki, dede bôngsa ingkang sampun tata punika, namung têtiyang wanan ingkang taksih wungkul.

Kathah ingkang gadhah pangintên, bilih têtiyang wanan ing Papuah, ingkang limrah winastan tiyang: kayah-kayah (Kaya-Kaya), punika sadaya taksih galak-galak, damêlipun ngupados mangsan sasamining tiyang, pinrajaya dagingipun katêdha. Pangintên makatên wau kirang lêrês. Ingkang kathah-kathah namung manawi prêlu purun mrajaya mêngsahipun, nanging kurbanipun punika lajêng katilar lumajêng. Anamung nyata, sadaya tiyang wanan ing ngriku doyan nêdha ulam mêntah.

Ingkang sampun kasumêrêpan têtêp pakantuking panitipriksa, [paniti...]

--- 1049 ---

[...priksa,] têtiyang wanan satanah Papuah nadyan pêprejengan sarta adat tatacaranipun katingal mèh sami, nanging sayêktosipun botên namung sabôngsa. Ing Papuah jajahan karajan Nèdêrlan kemawon, ingkang sampun kasumêrêpan wontên pitung bôngsa ingkang agêng, inggih punika:

1. Bôngsa : Marin (Marind-anim)

2. Bôngsa : Dhigul (Digul-anim)

3. Bôngsa : Kanum (Kanum-anim)

4. Bôngsa : Jahubi (Jahubi-anim)

5. Bôngsa : Jab (Jab-anim)

6. Bôngsa : Makli (Makleew-anim)

7. Bôngsa : Jae (Jee-anim)

Dene ing jajahan Ostrali, wontên 5 bôngsa ingkang agêng, inggih punika :

1. Bôngsa : Bao (Bau-anim)

2. Bôngsa : Angke (Anke-anim)

3. Bôngsa : Mirmir (Mirmir-anim)

4. Bôngsa : Garimbo (Garimbo-anim)

5. Bôngsa : Marir (Mareer-anim)

Pikantukipun cathêtan kabangsan Papuah kados kasêbut ing nginggil punika, ing sadèrèngipun tanah Papuah asring dipun dhatêngi para andon lêlana, sarta dèrèng dipun pariksa dumugi ing papan-papan têngah badhe kangge papan kolonisasi sarta kabudidayan pêpêlikan, kados kawontênanipun samangke.

Bab kabangsan ingkang pinanggih enggal punika, ing wingking kemawon badhe kula susulakên kaandharakên ing ngriki.

Mênggah satunggal-satunggaling bôngsa ingkang agêng-agêng wau, taksih kaperang-perang malih awarni kabangsan alit-alit, nama-namanipun trêkadhang miturut namaning sêsêpuh ingkang nurunakên, wontên ingkang miturut namaning padhusunan ingkang dipun dunungi, utawi namaning lèpèn sacêlaking papan padununganipun kemawon. Katêranganipun sawatawis kados ing ngandhap punika :

[Iklan]

1. Bôngsa Marin

Pamanggènipun wontên talatah jajahan Nèdêrlan ingkang sisih kidul, saurutipun lèpèn: Muri. Mangetan saurutipun lèpèn: Urambi, dumugi sacêlakipun: Mario, taksih ambalèbèr mangetan malih, dèrèng kasumêrêpan dumugi ing pundi watêsipun. Anamung ing sisih wetan sakiwa têngênipun lèpèn: Kondho, wontên garombolan kabangsan alit-alit pamanggènipun pêncar, wontên papan-papan botên têbih kalihan padununganipun bôngsa Marin, sarta mirid tatacara sarta trajangipun angèmpêri manawi taksih turun Marin. Ewadene têtiyang Marin manawi mastani dhatêng bôngsa alit punika: Poanim (Po-anim) têgêsipun: bôngsa ngamônca.

Badhe kasambêtan

S. Sudirja

--- 1050 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Kawontênan ing Lubuk Linggo

IV

Garèng : Wis, Truk, kaya-kaya saiki wis cukup anggonmu gawe propagandhah utawa reklamê mungguhing kolonisasi ing Lubuk Linggo. Nanging nèk saka panêmuku, apa sing kok caritakake kabèh kuwi mau, kêna dak arani: teori, dadi mung gêgambarane bae. Kowe jarene nêksèni dhewe kaanane ing kana. Hla, saiki aku arêp takon, kêpriye mungguh praktike, yaiku mungguh kaanane sing têmênan, apa iya cocog karo sing koobrolake kabèh mau kuwi.

Petruk : Saiki tak carita apa anane ing kono, kaya sing tak sumurupi dhewe. Kang Garèng, aku yakin, yèn sadurung-durunge, malah bokmanawa sadurung-durunge kaum kolonis paja-paja têka, ing kono wis ditandangi kang kanthi ngêpêng bangêt, murih gawe kêpenake, utawa ngènthèngake, sanggane para kolonis mau.

Garèng : Wèh, reklamê manèh. Hla kok ora lèrèn-lèrèn, ta, Truk, anggonmu gawe propagandhah kuwi.

Petruk : Lho, mêngko sik, ta, Kang Garèng, aja guru-guru mêcohi wong omong mêngkono, sing tak omongake iki lugu mêtu saka ati sukci, ora mung adol cao, alias omong kosong bae, anggonku kôndha sadurung-durunge wis ditandangi kanthi ngêpêng têmênan, kuwi ana bukti-buktine, Kang Garèng, kaya ta: nalikane aku têka ing Lubuk Linggo, kuwi anane kolonisasi durung lawas, lagi ana têlung sasinan, ewadene wis ana dalane sing ômba lan nècis - maune - kang kêna diambah motor, otobis, dhokar lan sapêpadhane.

Garèng : Wèh, hla iya lowung bangêt, dadi para kolonis, saka sêtatsiun Lubuk Linggo anjoge nyang tanah kolonisasi ora prêlu ngodhok, alias nunggang kapal, nanging bisa nênunggang, kaya ta: nunggang otobis upamane.

Petruk : Sadurung-durunge para kolonis padha têkan ing kono, aku yakin, yèn alas sing arêp diparingake marang para kolonis, kuwi wis diborongake nyang wong partikulir, kang kanthi waragad sasayahira., supaya dibabadi. Lan saperangan gêdhe iya wis kalakon dibabad rêsik - maune - sarta nalikane aku [a...]

--- 1051 ---

[...ku] ana ing kono, anggone padha babad iya durung dilèrèni.

Garèng : Sukur, sukur, dadi wong-wong kolonis, satêkane ing kono, mung kèri : toncap-tancêp, toncap-tancêp, tandur bake.

Petruk : Iya mula mêngkono - karêpe. Kajaba iku, ndara ajung lanbo, yaiku sawijining priyayi sing diwajibake nata têtanèn ana ing kono, aku yakin, Kang Garèng, sadurung-durunge iya wis tumandang gawe kanthi ngêpêng lan rajin bangêt. Malah ora mung sêmono bae, uga ambudidaya supaya para kolonis, dhog, têka ana ing kono wis bisa duwe pangasilan sawatara. Mulane lêmah sing wis dibabad bakal kanggo omah lan pakarangane wong-wong kolonis mau, saka krêsane ndara Ajung Lanbo mau, sadurung-durunge kaum kolonis paja-paja têka, banjur padha ditanduri rupa-rupa, kaya ta: kacang, pohung, kara lan sapadhane. Dadi wong-wong kolonis têka ing kono, saora-orane wis bisa anjangan utawa ngluban : lêmbayung, godhong tela lan sapadhane - karêpe.

Garèng : Wèh, iya lowung bangêt, Truk, kanggone wong tani, anggêre ana bêras lan uyahe, ana janganane sing kaya ngono kuwi mau, wah, iya wis bisa ropyan-ropyan têmênan.

Petruk : Iya, Kang Garèng. Sadurung-durunge ing tanah kono wis diyasani los-los sing gêdhêm-gêdhêm, minôngka kanggo pondhokane wong-wong kolonis sing mêntas têka lawase patbêlas dina. Hla, sajêrone patbêlas dina i-[...]Naskah sobek. wong kudu yasa omah dhewe-dhewe. Paku diparingi sêkati, payon, blêkêtepe iya diparingi sacukupe, kayu mung kèri anjupuk bae, arêp apa manèh. Môngka diparingi kalonggaran yasa omahe mau lawase patbêlas dina, wong iya mung gawe omah barès-baresan bae, kathik ditemponi patbêlas dina, wis luwih saka cukup, Kang Garèng. Ora kêna ora, wong-wong mêsthi bisa olèh panggonan sing brukut - karêpe.

[Grafik]

Garèng : Haiya, nèk pancèn wis ana pirantine kabèh, yasa omah sing mung prasaja kêna kanggo turu bae, patbêlas dina iya wis cukup bangêt. Ora, Truk, tak rungok-rungokake, omongmu kuwi pungkasane anggêr-anggêr kathik ana gonge, sanadyan le ngunèkake lirih, yaiku sabên-sabên diêgongi, nèk ora nganggo têmbung: maune, iya: karêpe. Mungguh maksudmu bae apa, Truk, mara, têrangna nyang raka para kang nganti prêmati.

--- 1052 ---

Petruk : Lho, kuwi mangkene, Kang Garèng. Aku yakin bangêt, krêsane panggêdhening kolonisasi pancèn utama lan luhur bangêt, yaiku mula nyata nêdya anggampangake lan ngènthèngake sing dadi sanggane para kolonis mau, ewasamono isih ana bae sing nacad, sing mada, ngunèkake kurang iki, kurang iku. Ing kono ora dielingi, yèn panggêdhening kolonisasi mau iya mung titah ora beda aku kowe iki. Dadi iya bisa salah petungane, lan bisa kaliru rêmbuge. Kaya ta : nalikane kaum kolonis têka ana ing Lubuk Linggo, akèh sing padha ngangluh lan padha angrêsula, jarene: dalane kaya dalan kêbo. Lêmah sing kanggo omah lan pakarangane anjêmbrung, sing kanggo sawahe, isih wujud alas grêng, nèk mung patbêlas dina bae, ora cukup kanggo digawe yasa omah, lan sapêpadhane.

Garèng : Lho, nyatane kêpriye, kowe rak mrana dhewe, dadi iya bisa anêksèni kaanane ing kana sing têmênan, pangangluhe mau maton apa ora.

Petruk : Aku wis kôndha, Kang Garèng, sanadyan panggêdhe, iya mung jênêng titah bae, dadi iya bisa kliru petungane. Nèk anggone arêp gawe ènthènge sanggane kaum kolonis mau, aku mula yakin têmênan, buktine : kaya sing wis tak kandhakake ing ngarêp kabèh mau, nanging sêmune kaliru pangitunge: môngsa. Bokmanawa petungane kala samono, wulan Mèi isih masa têrang, nganti kira-kira tumêkane wulan Agustus. Mulane tumuli cekat-cèkêt diwiwiti babad alas, gawe dalan saka Lubuk Linggo tumêkane ing kono, ing besuk wulan Juni tumêkane Agustus, yèn kaum kolonis urut-urutan padha têka, isih môngsa têrang. Saka sêtatsiun Lubuk Linggo tumêkane ing papan kolonisasi, kaum kolonisasi basabisa. diusung nganggo oto bis kanthi gêmlèdhèg, sabab dalane wis sêtrikan. Tumêkane ing panggonane, tumuli padha bisa cekat-cèkêt yasa omah, sabab têrang mlinthang, sauwise banjur bisa tumuli tandur, sabab alase wis dibabad rêsik, lan sapadhane. Lho, mangkono petungane. Ananging iya uwong, sok bisa salah wèsêl, dumadakan barêng ngarêpake kaum kolonis padha têka, udane awan bêngi tanpa lèrèn, dalane sing wis digarap bagus, saka dayaning udan banjur malih dadi : dalan kêbo. Babade, jalaran saka udan têrus-têrusan mau, kapêksa kudu dilèrèni, pakarangan sing wis dibabad rêsik, banjur kêthukulan rungkudan rupa-rupa, wong-wong kolonis padha ora bisa anggarap omahe, kang anjalari wêktu rong minggu mau cupêt bangêt, mêngkono sapiturute. Dadi saupama kaanan ing kolonisasi ing Lubuk Linggo ora cocog karo sing dipropagandhakake, kuwi dudu salahe pranatan kolonisasi, nanging salahe alam, kang ora ambantu, nanging malah angguna gawe mau. Nanging, prêcayaa nyang aku, yèn wong-wonge ora wêdi lan ora gigrig marang godha rêncananing alam mau, nanging malah saya tumêmên anggone nindakake kuwajibane, tak tanggung, pungkasane mêsthi bisa: sênêng lan ropyan-ropyan. Wis, bab kolonisasi padha dilèrèni samene bae.

--- 1053 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Punggawa N.I.S. Badhe ngêdêgakên pakêmpalan tunggil damêl. Wontên wartos, para punggawa N.I.S. ing Sêmarang badhe ngawontênakên pêpanggihan, pêrlu ngrêmbag bab badhe ngudi saening para punggawa golonganipun. Ingkang badhe mangajêngi parêpatan punika tuwintuwan. I.S. Sapoetro.

Padagangan auto majêng malih. Miturut wartos, ing sapunika padagangan auto majêng malih, pabrik-pabrik band saya kathah pandamêlipun, pabrik Goodyear ngantos nyambutdamêl rintên dalu, tumrap Generaal Motor, ing sabên wulanipun ngrakit auto ngantos 400.

Secretaris Gezantschap der Nederlanden ing Jedah. Mr. R. Moehamad Moesa Natadjoemena ingkang katêtêpakên dados Secretaris kasêbut nginggil, ing sadèrèngipun pangkat kasampirakên nyambutdamêl wontên ing kantor Inlandsche Zaken, pêrlu nyinau babagan badhe padamêlanipun. Ing sapunika sampun katêtêpakên bidhalipun benjing tanggal 18 Sèptèmbêr numpak kapal Pulo Tello, bidhal saking Tanjung Priok.

Mahamakên babagan têtanèn. Wontên wartos, tuwan van den Beele, directeur-generaal babagan têtanèn tumrap jajahan België, badhe dhatêng tanah ngriki, pêrlu mahamakên babagan têtanèn. Rancanganipun badhe wontên ing tanah Jawi 2 wulan, salajêngipun dhatêng Sumatra, ing wêkasaning wulan December dhatêng Federated Malay States.

Babagan punggawa Praja. Departement Economische Zaken. Kakèndêlan anggèning dados landbouwopzichter ing Landbouwvoorlichtingsdienst ing paresidenan Molukken ing Saparua, tuwan M.M. Matullatuwa. Kakèndêlan kanthi hurmat anggèning dados landbouwleeraar ing Situbondo, R. Safioedin Soerjopoetro. Kakèndêlan kanthi hurmat anggèning dados mantri vruchtenteelt ing Banyuwangi, R.P. Koesno.

Pakaryan Kasarasan. R. Soetomo, Gouvernementsarts, kawajibakên mulang babagan sêsakit kulit tuwin sêsakit wados ing Nias, Surabaya. M. Dajat Hidajat, Gouvernementsarts ing Surabaya, kawajibakên mulang babagan sêsakit lare wontên ing Nias. R. Soerjatin, Hoofd-Ind. Arts partikelir, kawajibakên mulang bab ngupakara tiyang sakit ing Nias.

Pèngêtan adêging Sangkoro Mudo. Pakêmpalaning para darah ing Ngayogya ingkang nama Sangkoro Muda ing Ngayogya, kêlampahan sampun ngawontênakên paargyan mèngêti adêging pakêmpalan sampun kalih windu, manggèn wontên ing sociteit De Vereeniging. Lamining paargyan tigang dalu, dalu ingkang kapisan kangge para warga ing salêbêting kitha, dalu ingkang kaping kalih kangge para warga sajawining kitha, dene dalunipun ingkang kaping tiga, kagêm para luhur. Paargyanipun ingriku botên nguciwani, jalêr èstri sami guyub anggèning sami nyambutdamêl. Têtingalanipun warni-warni sarwa nêngsêmakên. Ingkang dados pangalêmbana tuwin adamêl sêngsêm, punika ungêling gêndhing Sangkoro Mudo, panggêndèr, panggambang tuwin ingkang ngêmpul sami wanita, binarung ing kothekan lêsung, ugi dipun tindakakên ing para wanita.

Pitulungan wulangan tumrap tiyang ingkang botên gadhah. Kawartosakên pangajênging Pêrguruan Usaha Kita ing Pasebanweg, Bêtawi, sagah nampèni lare anakipun tiyang ingkang botên gadhah sinau wontên ing pamulangan ngriku. Bayaraning sêkolah namung miturut kêkiyataning tiyang sêpuhipun. Dene wulanganipun kados H.I.S., tumrap schakelschool ingriku kados tatanan Gupêrmèn.

[Iklan]

Congres P.K.N. ing Ngayogya. Kawartosakên, ing tanggal 21 tuwin 22 wulan punika Pakêmpalan Kawula Ngayogyakarta badhe ngawontênakên congres, ingkang dipun pangarsani dening B.P.H. Soerjodiningrat, wontên dalêmipun B.P.H. wau piyambak. Ingkang badhe karêmbag babagan pêrluning pakêmpalan, kajawi punika mawi kawontênakên têtingalan warni-warni.

Panyadean kabêtahan post ing sanès panggenan. Kala taun 1936 pakaryan Post ngawontênakên cobèn-cobèn sadhesade. prangko sapanunggilanipun wontên ing sanès panggenan, pêrlunipun supados anggampilakên dhatêng têtiyang ingkang sami badhe tumbas. Ing salêbêtipun taun 1936 wau sampun sagêd nyade prangko rêrêgèn f 70.000.-. Dados cobèn-cobèn wau pinanggihipun sae.

Kaderschool. Wiwit benjing tanggal 1 November ngajêng punika badhe kawiwitan mbikak cursus kaderschool tumrap militèr wontên ing Malang. Murid enggal ingkang badhe dipun tampèni wontên 1000, cacah samantên punika ingkang bangsa Eropa wontên 400. Sarèhning cacahipun samantên, sagêd ugi wulanganipun ugi salong katindakakên dening ondêr upsir.

Lindhu ingkang kraos ing Jawi Têngah. Sampun sawatawis dintên ing Jawi Têngah kraos wontên lindhu mradini ing pundi-pundi. Miturut pinanggihing tandha-tandha ing Observatorium ing Bêtawi sagêd ugi pinangkanipun saking Bali ing papan ingkang lêbêt sangêt. Nanging samantên punika dèrèng kenging dipun têtêpakên, taksih ngêntosi katrangan saking sanès-sanès panggenan.

Krudhuk tumraping wanita Islam. Pakêmpalan Nahdatul Ulama ing Bandung mêntas parêpatan mawi nyêdhahi para ahli agami Islam, ngrêmbag pêrlu punapa botên tumraping wanita Islam ngangge krudhuk. Rêmbag bab punika dèrèng wontên karampunganipun.

--- 1054 ---

[Grafik]

Kêbêsmèn. Inginggil punika gambar kêbêsmèn ing Embong-Malang, Surabaya, nanging rahayu sagêd kêtulungan, latu botên têrus mrèmèn ing liya panggenan malih.

Bab badhe lampah anggêgana ing wanci dalu. Sampun dangu wontên rêmbag badhe ngawontênakên lampah anggêgana saking Bêtawi dhatêng Surabaya ing wanci dalu, nanging dumuginipun sapunika dèrèng kalampahan, sadaya kabêtahan taksih katindakakên mawi sêpur kilat. Wontênipun dèrèng kêlampahan wau, amargi pêpadhang tumraping Surabaya, Bêtawi tuwin Bandung dèrèng rampung panggarapipun, makatên ugi ing bab wontêning pirantos radio ingkang kangge nyumêrêpi prênah ugi dèrèng rampung. Tuwin malih ing bab badhe lampah punika inggih taksih wontên salêbêting pêpetangan tuna-bathinipun.

Usul ing bab militie tiyang siti. Usul ing bab dipun wontênakên militie tiyang siti, botên dipun parêngakên ing Parentah, mênggah sabab-sababipun, sapisan waragadipun kathah sangêt, kaping kalihipun tumrap wadya sakêdhik ingkang mawa pangajaran sampurna punika sampun nyêkapi, tinimbang kathah ingkang tanpa pangajaran. Makatên malih manawi ngèngêti wontênipun wadyabala ing tanah ngriki ugi sampun kathah tiyangipun siti. Kajawi punika tumraping prajurit ingkang manggènipun wontên sajawining tangsi, punika kirang prayogi.

Pambikakipun Mulo Jawa ing Surakarta. Kala dintên Ngahad kêpêngkêr, Mulo Jawa ing Surakarta kalampahan sampun kabikak. Pamulangan Mulo wau madêg saking ada-adanipun Vereeniging Mardi-Rahayu, manggèn ing Ngadisuryan. Ingkang sami dhatêng anjênêngi kathah kalêbêt wêwakiling pakêmpalan warni-warni punapadene pers. Inspecteur Inlandsch Onderwijs ing tanah karajan Jawi tuwan Mulder ugi anjênêngi, kanthi tamu bangsa Inggris, Inspecteur Inlandsch Onderwijs ing Uganda (Afrika-Wetan), ingkang nuju lêlana wontên tanah ngriki. Pangarsaning Mardi-Rahayu mêdharsabda ing bab adêging Mulo punika, kanthi ngandharakên ing bab tatananing wulangan ing pamulangan warni-warni, ingkang wêkasanipun mratelakakên ing bab kajênging adêgipun pamulangan punika.

Kreta restauratie enggal. Werkplaats S.S. ing Manggarai wiwit anggarap kreta-kreta restauratie enggal, gagrag enggal. Jandhelanipun kadamêl langkung wiyar, kasami kados dene sêpur kilat dalu. Lêbêting angin botên kados ingkang sampun.

Ngudi kawilujênganing tanêman ing Malang. Miturut katrangan saking parêpatan provincie, kala taun kêpêngkêr tanêman randhu ing bawah distrik Pare, Ngara tuwin Ngantang, botên dados, makatên ugi tanêman klapa inggih awon. Tanêman jêram tuwin kênthang ing Malang tuwin Tênggêr sami kêtrajang ing sêsakit. Bab punika Parentah badhe maringi bibit ingkang kalis ing sêsakit.

Residen Burgerhoudt ngaturakên barang kina. Gêgayutan kalihan anggèning badhe verlof residen Burgerhoudt ing Surakarta, kala sowan dhatêng ngarsadalêm Sampeyandalêm Ingkang Wicaksana, ngaturakên tandha pangèngêt-èngêt awarni sêsupe kina damêlan Indu, sêsupe wau sampun umur 700 taun.

Undur-unduran tuwin ingsêr-ingsêran. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi-Wetan, tuwan Abdoelrasid Sastrodiwirjo, wêdana ing Grêsik, kakèndêlan saking padamêlanipun, amargi kalêpatan. Mr.M. Harmani, wêdana ing Blitar, paresidenan Kêdiri, kaingsêr dados wêdana ing Grêsik; paresidenan Surabaya. M. Soehari Hadinoto, wêdana ing Timur Laut, Kabupatèn Sumênêp, paresidenan Madura, kaingsêr dados wêdana ing Kalisat, Kabupatèn Jêmbêr, paresidenan Bêsuki.

ASIA

Lèpèn Gangês bêna. Miturut wartos ing tanggal 16 Augustus, lèpèn Gangês bêna. Wontên dhusun 2000 ingkang sami kêlêban toya, ngantos kêpisah kalihan panggenan sanès. Lubèring lèpèn Gangês wau wontên pitung pang, jalaran saking agênging jawah. Kathah ingkang sami nandhang kasangsaran, makatên ugi karisakan ugi agêng. Salajêngipun tuwuhing kasangsaran saya sangêt amargi lajêng anjalari kêkirangan têdha. Para wajib tuwin pakêmpalan-pakêmpalan lajêng sami rêrigên madosakên pitulungan.

EROPA

Pikramèn Agung. Kala tanggal 15 wulan punika ing gêdhong Nagari ing Lausanne Zwitserland ngêsahakên pikramènipun Prins Augustus Czartorysku kalihan putri kapenakanipun tilas Raja Alfonso XIII ing Sêpanyol, asma Prinses Maria Dolorès ing Bourbon-Orleans. Ingkang dados saksi pangantèn kakung Graaf van Parijs, putranipun pambajêng Hertog de Guise, dene saksi pangantèn putri Prins Alfonso ing Bourbon.

Prahara tuwin jawah agêng ing Inggris. Ing London mêntas wontên prahara tuwin jawah agêng ingkang awis kasumêrêpan ing para sêpuh ingriku. Ing salêbêtipun satêngah jam margi-margi ing kitha sampun kêlêban toya, sawarnining têtumpakan sami kandhêg lampahipun. Sêpur-sêpur botên sagêd lumampah têbih. Para têtiyang ingkang sami wangsul saking padamêlan kêpêksa sami ngrubyuk.

Assurantie Jerman ngewahi tatananipun. Kawartosakên para babadan assurantie ing Jerman sami nêtêpakên, bilih sawarnining panggaotan ingkang kintun barang langkung utawi ngambah Jêpan, Korea, Mansukuo tuwin Tiongkok, kêdah mêwahi têtanggêlan tumrap kawilujênganing barang-barangipun wau.

--- 1055 ---

Wêwaosan

Kramanipun Prabu Wladhimir.

5

Saking bingahing manahipun, ing ngriku Dhune lajêng kalair têmbungipun makatên :

Kula sampun nate dêdunung wontên ing pitung nagari, sampun nate anjajah pintên-pintên praja, nanging salaminipun dèrèng nate kula mêthuki wanodya ingkang endah ing warni, saha ingkang kula melikakên supados dadosa têtimbangan kula. Ing samangke wontên ing madyaning pêrang, sarana dêdamêl kula, kula sagêd angsal wanodya, ingkang kadosdene sampun tinakdir ing Pangeran dados jodho kula. Miturut pawartos, panjênêngan sampun anglampahi pêrang tandhing rambah-rambah, lan pintên-pintên prajurit ingkang sampun panjênêngan kawonakên. Nanging ing têmbe manawi sampun têtêp dados têtimbangan kula, sangêt ing panyuwun kula, supados salajêngipun panjênêngan kèndêl anggèn panjênêngan jumênêng prajurit wanita, tuwin kagungana tindak-tanduk kados wanita limrah. Ingkang punika panuwun kula, wiwit ing wêkdal punika ugi, panjênêngan krêsaa lukar agêm-agêman panjênêngan prajurit, saha tumuntêna ngagêm cara wanita. Sasampunipun tumuntên bidhal anglajêngakên lampah dhatêng Kiyèf, sowan ing ngarsanipun Sang Prabu Wladhimir. Ing ngriku mangke kula kêkalih sagêda tumuntên kadhaupakên miturut pranataning agami, ingkang dados gêgandhulan kula kêkalih.

Tanpa amangsuli punapa-punapa, sang putri lajêng lumêbêt ing pakuwon papan pasareanipun ingkang rayi Dèwi Aprasiyah, lukar agêm-agêmanipun kaprajuritan saha lajêng angrasuk busana kados caraning wanita limrah. Sasampunipun makatên, kalih-kalihipun lajêng nyengklak kapalipun malih, saha lajêng bidhal bêbandhangan nuju dhatêng nagari Ruslan.

4. Kraman

Dumuginipun ing Kiyèf, Dhune tuwin Dèwi Natasiyah mirêng pawartos, bilih Dhobrinya tuwin sang putri Dèwi Aprasiyah sampun sawatawis dangu dumugi ing kadhaton, malah ing kala punika Sang Prabu Wladhimir tuwin Sang Putri Aprasiyah sampun mèh kadhaupakên. Dhune tuwin Dèwi Natasiyah lajêng enggal-enggal nuju dhatêng kadhaton. Sadumuginipun ing ngajêng kadhaton, kalêrêsan Prabu Wladhimir tuwin badhe garwanipun miyos saking kadhaton, badhe tindak dhatêng ing greja prêlu badhe kadhaupakên.

Rênaning panggalihipun putri kêkalih wau, sarêng sagêd pêpanggihan wontên ing ngriku, botên kenging kapindhakakên. Saking bingah-bingahipun, putri kêkalih wau lajêng rêrangkulan sarwi muwun. Makatên ugi Prabu Wladhimir, sarêng sampun kaaturan priksa babad-babadipun kanthi cêkak aos dening pun Dhune, rênaning panggalihipun sayêktos tanpa upami. Ingkang langkung-langkung adamêl bingahipun sang prabu wau, dene utusanipun kinasih, sampun pinaringan jodho satunggiling wanita ingkang endah ing warni tuwin utami dening ingkang Murbèng Bawana.

Salajêngipun sadaya wau nuntên sami sêsarêngan bidhal dhatêng ing greja, prêlu badhe kadhaupakên. Putri kêkalih wau lajêng santun sam angrasuk agami miturut agami ingkang dipun ênut ing para kawula saindênging nagari Ruslan. Ing ngriku para putri lajêng sami dipun agêm-agêmi kutha êmas ingkang rinonyok ing sêsotya, rikmanipun kaore langkung angrêspatèni. Kadosdene padatanipun, putri kêkalih wau kêdah sami prasêtya. Salami-laminipun nêdya sêtya tuwin mituhu dhatêng ingkang raka, salajêngipun pangagênging agami lajêng paring brêkah dhatêng para ingkang mêntas dhaup wau.

Sasampunipun makatên, pangantèn enggal kalih jodho wau, kagrubyug dening para pangeran, para satriya, prajurit, punapadene para panakawan kraton, kondur dhatêng kraton. Ing ngriku sampun wiwit dipun wontênakên pahargyan, laminipun kalih wêlas dintên. Pahargyan wau botên namung dipun wontênakên ing salêbêtipun kraton kemawon, nanging sang prabu paring darma arta pintên-pintên, amrih ing saindênging praja sagêda tumut angramèkakên kramanipun sang prabu wau.

5. Dhune tuwin Dèwi Natasiyah

Ing satunggiling dintên, inggih punika dèrèng watawis dangu sabibaripun pahargyan kraman wau, para pangeran, satriya tuwin para prajurit sami ngêmpal wontên ing salêbêting kadhatona prêlu ngaturi kasugêngan dhatêng pramèswari nata. Ananging sang prabu botên amarêngakên para ingkang sami sowan wau lajêng sami tumuntên wangsul. Awit sadaya wau badhe kadhawuhan kêmbul andrawina, amila ing kala punika lajêng dipun wontênakên pahargyan malih, ingkang adamêl marêming para tamu sadaya.

Danguning pahargyan sampun sadintên muput. Dhêdhaharan manekawarni tuwin unjuk-unjukan anggur tuwin konyak, prasaksat tanpa wontên kèndêlipun. Ewasamantên dèrèng wontên sulak-sulakipun, bilih pahargyan badhe dipun pungkasi namung dumugi samantên kemawon, [ke...]

--- 1056 ---

[...mawon,] malah katingalipun, sarêng dilah-dilah ing salêbêting kadhaton sampun dipun sumêt sadaya, pahargyan saya rame. Gêntos-gêntos anggènipun sami unjuk-unjukan, ing sakawit minôngka kasugênganipun para pangantèn enggal kalih jodho wau, lajêng kasugênganipun sang nata piyambak, sang pramèswari, makatên sapiturutipun.

Ing sakawit ing sêmu kadosdene inuman kêras wau botên andayani babarpisan dhatêng para tamu, nanging dangu-dangu lajêng kathah para tamu ingkang sami kliyêng-kliyêng, saha ingkang wusananipun adamêl ènthènging ginêm. Wiwit punika para tamu lajêng sami umuk-umukan rêbat unggul. Ingkang santosa nyariyosakên ing bab kakiyatanipun, ingkang bêsus, ngumukakên ing bab panganggenipun ingkang sarwa èdi. Wontên malih ingkang lajêng ngandharakên ing bab kadibyanipun ulah pêdhang, sanèsipun ing bab titisipun anggènipun anjêmparing, sanès malih nyariyosakên anggèning mumpuni ing bab nututakên kapal tuwin anumpaki kapal ingkang sakalangkung bandhol, ingkaingkang (dan di tempat lain). tipis panggraitanipun ngumukakên tiyang sêpuhipun. Ingkang bodho ngalêmbana ing bab kasêtyanipun ingkang èstri ingka taksih anèm tur endaendah. ing warni. Ing kala punika Dhune ingkang ing sêmu sampun mêndêm, dumadakan lajêng ngadêg saking palinggihanipun, saha lajêng kawêdal wicantênipun makatên :

Ing Kiyèp ngriki kados botên wontên satriya utawi prajurit satunggal-satunggala, ingkang nyamèni kadibyan kula. Awit ngêmungakên kula piyambak, ingkang kautus dening sang prabu sowan dhatêng nata ing Litowên, sagêd wangsul malih amboyong putri kalih.

Ing sêmu Dèwi Natasiyah botên rêna mirêng aturipun ingkang raka ingkang makatên punika, ing wusana lajêng kawêdal pangandikanipun makatên :

Rungokna, kakang, aja giri-giri angalêmbana mungguhing kadibyanmu dhewe, awit mungguh sanyatane mono iku durung sapiraa. Iya bênêr aku durung pati suwe ana ing nagara Kiyèf kene, ewasamono sing tak sumurupi wis akèh. Sasumurupku, ing kene ora ana satriya, kang kakuwatane, apadene cikating tandang-tanduke kayadene : Samson. Ora ana kang wasise nunggang jaran, kaya: Mikalo. Ora ana kang ngungkuli alusing tandang-tanduke utawa micarane, kayadene: Dhobrinya. Ora ana satriya utawa prajurit, kang angluwihi bagus lan utamane kaya Sang Prabu Wladhimir. Dene ing bab titising manah kiraku ora ana kang ngungkuli aku, Natasiyah, putri saka nagara Litowên. Yèn kakang arêp nyatakake, mêngko tak aturi. Ali-aliku êmas iki, tak êdêgne ana ing sadhuwuring mastakamu, ing saburining ali-ali tak dèlèhane lading kang landhêp bangêt. Lan saka ing panggonan kang dohe kira-kira limang atus pêcak, mêngko aku tak anglêpasake panahku kaping têlu urut-urutan. Ing kono kakang bakal anguningani dhewe, yèn panahku têlu pisan, bakal nalusup ing ali-ali, sarta angênani landhêping lading mau nganti sigar dadi loro kang padha gêdhene, lan padha bobote. Panah têlu pisan mau ora bakal nyenggol ali-ali kang ana ing sadhuwuring mastakamu.

Mirêng pangandikanipun ingkang garwa ingkang makatên punika, Dhune sakalangkung anggènipun lingsêm, ewasamantên mêksa botên purun ngawon, nanging malah lajêng wicantên makatên :

Dhuh, jiwa ragaku, kaya bênêr apa kang kokandhakake mau. Mulane ayo, saiki padha mêtu ing alun-alun, andadar sapa kang luwih titis anggone manah.

Salajêngipun Sang Prabu Wladhimir tuwin sang pramèswari, kadhèrèkakên para tamu sadaya, lajêng miyos saking kadhaton, têdhak dhatêng alun-alun.

Kacariyos, sarêng sadaya sampun sami nglêmpak wontên ing alun-alun, Dhune lajêng ngadêg wontên ing panggenan ingkang sampun katamtokakên, lajêng nyandhak sêsupenipun ingkang rayi Dèwi Natasiyah, kapasang ing sirahipun, lan salajêngipun, ing wingkingipun sêsupe, ugi wontên ing sanginggiling sirah, kapasangan lading ingkang sakalangkung landhêp. Sang Putri Natasiyah lajêng ngasta gandhewa tuwin jêmparing, saking papanipun ingkang raka wau, lajêng mundur kirang langkung gangsal atus pêcak. Sasampunipun lajêng mênthang gandhewa ingkang dipun sipatakên dhatêng prênahing sêsupe, sarta lajêng anglêpasakên jêmparing. Lampahing jêmparing saèstu langkung ing bolongan sêsupe tanpa nyenggol babarpisan, sarta pucukipun lêrês dhawah ing landhêping lading, ingkang sanalika punika sigar byak dados kalih, ingkang sami agêngipun, tuwin sami bobotipun.

Anggènipun anjêmparing sang putri wau ngantos rambah kaping tiga, lan angsal-angsalanipun botên beda kados ing nginggil, kanthi botên nyenggol sêsupenipun babarpisan.

Sadaya ingkang sami anêksèni sami gumun kalangkung-langkung, dene samantên kasagêdanipun sang putri anjêmparing. Sintên kemawon angakêni, salaminipun gêsang dèrèng nate nyumêrêpi tiyang titis anjêmparing kados Dèwi Natasiyah wau. Lan sadaya para prajuritipun Sang Prabu Wladhimir, ingkang sampun kacêluk titisipun anggèning anjêmparing, sami katingal lingsêm saha nilar ing papan ngriku, awit sadaya wau sami ngraos, bilih botên wontên ingkang badhe sagêd anyamèni mênggahing kawasisanipun sang putri anjêmparing wau.

Makatên ugi Sang Prabu Wladhimir, sakalangkung anggènipun gumun dhatêng titising panjêmparingipun Sang Dèwi Natasiyah wau, salajêngipun sang prabu nuntên amriksani Dhune kalihan mèsêm.

Tindakipun sang prabu ingkang makatên wau, saya adamêl ngigit-igitipun Dhune, ing wusana lajêng ngumbar suwara kirang langkung makatên :

He, Dèwi Natasiyah, saiki gênti aku kang manah. Ing mêngko babalbakal. têtela, yèn ing bab manah, aku ora bakal kalah. Wis, saiki tumuli masanga kaya aku mau.

Badhe kasambêtan

--- 129 ---

No. 33, Taun VIII.

Taman Bocah

Ingkang ngêmbani : Bu-Mar

Kawêtokake saminggu sapisan dening Bale Pustaka Batavia-Centrum rêgane sataun f 1.50 kêna kabayar sabên 6 sasi sapisan, bayar dhisik. Lêngganan Kajawèn lêlahanan.

Mangsuli Layang

Soewarni, Sarang (Lasêm). Kirimanmu layang isi lêlucon wis daktampa, bangêt panrimaku. Wah kaya apa sênênge ya Soe, adhi-adhimu padha mulih, sabab vacantie. Ayake ya ora jamak ramene ing omahmu. Yèn kowe arêp urun ngisèni T.B., iya bêcik.

Waidjah c/o Prawirosoekarto, Sêmplon 2b. Magêlang. Bangêt panrimaku kokirimi karangan "Panggawene lêmarèn dondoman." Lan kapacak dina iki.

Soekirno, Kaliwira Wonosobo. Layangmu wis daktampa kanthi bungah. Pêrkara panjalukmu, aku ora bisa mêsthèkake bisa kapacak utawa ora. Yèn kira-kirane gambar-gambar mau cêtha sarta karangane ora pati kêdawan, iya banjur kapacak, dadi bu Mar kudu wêruh dhisik, mula ya gambar-gambar mau kirimna bae nyang bu Mar, yèn kabèh mau bisa kapacak, ya bangêt andadèkake sênênging atine ibumu.

Soepartinah, Danurêjan No. 295. Ngayogya. Bangêt andadèkake sênêngku kowe mêrlokake kirim layang pitêpungan nyang aku sarta aku bungah dene kowe saiki anggatèkake maca T.B. Karanganmu uga wis kêtampan.

Tien, karangan-karangan kabèh kudu nganggo basa Jawa, ora kêna basa liyane.

Sri Roekmi, Surabaya. Kirimanmu lêlucon wis kêtampan, nanging aja pisan dadi atimu, iku kabèh ora bisa kapacak, sing no. 1 kurang prayoga, dene sing no. 2, akèh kanca-kancamu sing ngirimi lêlucon mêngkono.

S. Soenarni p/a R. Moeljawihardja Mangkoejoedan Solo. Layangmu isi karangan wis daktampa kanthi sênênging atiku. Yèn kowe arêp têpungan karo bu Siti Marjam, ya coba ta ngaturna layang dhewe, panjênêngane dadi guru ing pamulangan H.I.S. Buitenzorg.

Soenarni, dene yèn kowe kêpengin têpung karo Sri Mastuti, Handini, Niek, adrèse ya golèka dhewe ta, ing Kêjawèn kang lawas-lawas, aja kongkon bu Mar. Pêrkara adrès-adrès bu Mar rak ya ora apal kabèh ta, awit saking akèhe. Dene yèn jênênge bocah-bocah mono, sing wis tau utawa kêrêp nglayangi ya mêsthi kèlingan.

Soelastri p/a Djajawirana, Mangkubumèn Solo. R. Soebroto p/a M.P. Djojomanarso, Kadipiro Ngayogya. Soetijah p/a R. Soedardjo Schrijver A.W. Gunungwungkal. Soembarti Bumiayu. Djapar p/a Djajasekarta Soeromendoeran Ngayogya.

Kirimanmu lêlucon aku wis tampa, ora liya bangêt panrimaku.

Oemi Kajatoen p/a M. Hardjoprawiro. Residentslaan 85 Madiun. Aku bungah bangêt, dene kowe bisa munggah nyang klas 7 lan adhimu nyang klas 5. Muga-muga lêstaria anggonmu padha sinau, lan tahun ngarêp kowe bisaa mbacutake sêkolahmu nyang Deventerschool utawa Huishoudschool utawa liya-liyane. Oemi, aja pisan-pisan ngarêp-arêp portrète bu Mar, yèn kêpengin wêruh ya têkaa ing Bungur Jawa No. 8.

S. Soendjaja. S. Karsimin lan M. Doeri. Sukur, dene kowe arêp padha milu urun ngisèni T.B. Kaping pira anggonmu padha nonton Pasar-Malêm lan saiki apa wis bubar?

M. Soebroto lan Soenarjo, bocah têlu ing dhuwur iki kêpengin têpungan karo kowe, dene adrèse mangkene: p/a M. Sastrodihardjo Banyubiruweg No. 6 Salatiga.

R.M. Soerarkono p/a R.M. Ng. Atmosoetardjo, Madyataman Solo. Aku wis tampa layangmu kang isi karangan lêlucon.

Timan Surabaya. Sukur yèn kowe wis têpungan lan mundhak sêdulurmu Soedjiman lan Soebroto Ngayogyakarta.

S. Har Surakarta. Bangêt bungahku kokirimi layang manèh sarta isi karangan. Kowe pitakon apa bu Mar sok nyêtèl Solo. Wah ya kêrêp bangêt. Har, cêtha S.R.V. tinimbang S.R.I. Lan kowe takon apa sing daksênêngi, Har. Yèn gêndhing Jawa, kaya ta: Gambirsawit Sêmbunggilang, Srikaton, Kututmanggung, Prawanpupur, Sinomparijatha, Puspawarna, Kinanthi pawukir, Kroncong lan èprèt-èprèt kala-kala ya sênêng uga, nanging sêdhela-sêdhela bae ora kêsuwèn.

Soepijah, Jatirogo. Pêmbatangmu sandi pêpêthan bênêr lan kirimanmu lêlucon wis daktampa kanthi bungah.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar.

--- 130 ---

Pintêr Nabuh Viool

[Grafik]

Gambar kang kacêtha ing sisih iki, gambare bocah bangsa Eropah, kang umure lagi 10 taun wis dadi jêmpolan nabuh viool.

Dhèwèke wis sok main ana gêdhong-gêdhong kumidhi gêdhe lan ingarêpe bangsa ahli musik. Kabèh wong sing ngrungokake padha kamitênggêngên sarta gumun wêruh lan krungu kapintêrane anggone miool. Kang iku jênênge bocah mau banjur kêsuwur ing ngêndi-êndi. Bocah-bocah mêsthine rak ana uga sing pintêr nabuh musik, ta? Pancèn kapintêran musik iku pêrlu uga disinau, sabab musik iku sawijining ngilmu kawêkêlan kang bisa nggumbirakake ati. Ing pamulangan diwulang mênyanyi lan saiki ana uga kang diwulangi nabuh têtabuhan.

Donga Kang Bisa Ambadharake Wêwadi

(candhake)

Wong-wong ing kono kang padha krungu banjur padha gumuyu lan banjur padha ngarani yèn dhèwèke wong owah. Kaya apa rasane Ali Chambyah, barêng dhèwèke diarani wong owah mau. Dhèwèke banjur nangis sênggruk-sênggruk karo nyambat wong tuwane. Kêbênêran ing wêktu iku ratune ing nagara kono pinuju kondur saka anggone pêpriksa ing bawahe. Barêng têkan ing alun-alun Sang Ratu mirsa akèh wong padha ngrubung-ngrubung bocah cilik kambi digêguyu lan diunèn-unèni. Sang Ratu banjur dhawuh supaya titihane kreta diêndhêgake. Sawise kretane mandhêg, Sang Ratu banjur utusan salah sawijining senapati marani bocah kang dirubung-rubung ing wong akèh mau. Ora lêt suwe senapati kang diutus wis bali karo anggawa bocah. Ali Chambyah banjur ditunggangake ing titihane kreta Sang Ratu lan têrus digawa nyang kêdhaton. Satêkane ing kêdhaton Ali Chambyah didangu Sang Ratu : "Le jênêngmu sapa?

Ali Chambyah mangsuli : "Nama kula Ali Chambyah, Gusti."

Sang Ratu : "Genea kowe mau nangis lan dirubung ing wong akèh?

Ali Chambyah : "Inggih Gusti, kula wau badhe sade donga, pêrlu kangge tumbas sêkul, nanging botên wontên ingkang purun tumbas, malah kula dipun gêgujêng lan kula dipun wastani tiyang ewah."

Sang Ratu : "Lho, donga apa kang arêp kodol iku?"

Ali Chambyah : "Anu Gusti, nalika bapak kula badhe ngajal mitungkas dhatêng kula, manawi benjing sangajalipun bapak, kula kapurih ngatos-atos. Saha bapak criyos manawi botên sagêd nilari punapa-punapa, kêjawi donga. Ing sarèhning wêkdal punika kula luwe sangêt lan badhe tumbas sêkul botên gadhah arta, donga wau badhe kula sade."

Sang Ratu : "Rupane dongane kaya apa, mara tuduhna aku, mêngko daktukune."

Ali Chambyah : "O botên kok wujud barang ngatên Gusti, punika donga namung êmèl. Mêkatên Gusti êmèlipun : "Hèm, hèm, saya sudhah tau." Dene anggènipun ngêmèlakên makatên punika, manawi badhe nindakakên padamêlan punapa-punapa."

Sang Ratu barêng midhangêt têmbunge Ali Chambyah mau, arêp gumujêng, nanging diêmpêt, awit rumaos wêlas.

Ali Chambyah banjur didhawuhi nyang buri, njaluk mangan marang juru mêdharan, lan sabanjure Ali Chambyah diparingi pagawean dadi tukang ngêrok jaran.

Kacarita patihe Sang Ratu yaiku Abdulgani, arêp duwe niyat ala marang Sang Ratu, yaiku ampile Sang Ratu arêp diêpèk. Kêkarêpane kang kaya mangkono mau ora bisa kêlakon awit arang-arang wong kang entuk malêbu ing kêdhaton kono. Ing sarèhne watake Abdulgani mau pancèn ala bangêt, mulane dhèwèke golèk rekadaya supaya bisa kêlakon kaniyatane mau, lan sêdyane dhèwèke arêp ngarah sedane Sang Ratu. Yèn ing têmbe Sang Ratu bisa kalêksanan seda kang ora bisa kasumurupan ing wong, dhèwèke bisa kalakon nggêntèni kalênggahane. Dhèwèke uga wis sok kongkonan uwong, dikon nyedani Sang Ratu, nanging tansah ora bisa kêlakon, awit ora ana wong kang bisa lumêbu ing kêdhaton kêjaba mung senapatine Sang Ratu.

Ana candhake

Amien Soemari.

--- 131 ---

Panggawene Lêmarèn Dondoman

Anjupuka klonthongan rèk kang gêdhe 8 iji. Klonthongan mau ancurên dhisik nuli tumpuk-tumpukên dadi 2, dadi mapat-mapat. Klonthongan rèk mau ing sabên satumpuk ing sisihe ancuran. Yèn wis rampung, nuli gathukne karo sing satumpuk. Nuli ngguntinga gombalan kira-kira ambane 2 cm, dene dawane kira-kira cukup karo kanggo pita. Gombalan mau nuli ênggonên nalèni pinggire klonthongan mau, turahane yèn isih dawa tibakna ing têngah-têngahe klonthongan mau. Supaya ênggone mbukak slorokaning klonthongan gampang, ing sabên slorokan pasangana bênik, supaya kukuh, anggonmu masang bênik dondomana kaya dene yèn masang bênik ana ing kotang. Supaya katone pèni, sadurunge dipasangi pita (sadurunge ditalèni) buntêlên dluwang dhisik kang padha karo klonthongane kang ora ana tulisane. Yèn wis lagi ditalèni nganggo pita. Iki kanggo wadhah bêkakas dondoman kang cilik-cilik.

[Grafik]

Waidjah, Magêlang.

Lêlucon

Tambane dhêmên tiru-tiru

Pak Suka duwe kêthèk njilma bangêt. Sasolahe pak Suka ditirokake : mangan ya mangan, udud ya udud, wis mèmpêr bocah sing ngglidhig kae.

Sawijining dina Pak Suka lunga nyang nggone tukang cukur, kêthèke ora kêna kari. Satêngahe Pak Suka dicukur, kêthèke ngawasake bae. Barêng tukang cukur wis rampung anggone ngêrik brêngos, ladinge sing mingis-mingis disèlèhake. Ing nalika ngêwèhi bayaran Pak Suka krungu kêthèke jêrit-jêrit sambat lara, barêng ditiliki, jêbul ingon-ingone kêplenthas irunge karo lading panyukuran. Karêpe arêp tiru-tiru ngêrik brêngos.

S. Har, Surakarta

Ing pamulangan

Guru : "Din, golèka têmbung sing cocog karo kaanane."

Mardin : "Kodhok - têka-têka ndhodhok."

Guru : "Ya bênêr, kowe Sa."

Tarsa : "Kepang - mangke kula tepang."

R.M. Soerarkono, Surakarta

Bocah kang lurus

Bapak : "Nggèr, yèn ana mindring nagih, kandhaa yèn aku ora ana ngomah."

Anak : "Bapak arêp nyang ngêdingêndi. ta?"

Bapak : "Arêp nyang kandhang pitik."

Ora antara suwe mindring têka banjur takon : "Nyang êndi bapakmu?"

Anak : "Ora ana ingomah."

Mindring : "Ah goroh, sabên-sabên ora ana, bokmanawa ndhêlik ing jêro omah."

Anak : "Bapak lunga têmênan, nyang kandhang pitik, ing burine omah, ora ana ing jêro.

Soepijah, Jatirogo

Dolanane murid

5 6 5 4 3 5 6 5 4 3

1 2 2 2 2 2 5 6 7 1

1 3 2 1.

I.

Kanca-kancaku (X 2),

Yèn ora ana guru.

Aja padha rame ngguyu.

II.

Kanca-kancaku (X 2)

Ayo padha sinau,

Aja omong sêru-sêru.

III. Iki wajibe, iki wajibe,

Larangane guru,

Ora bakal daktindakake.

Wara Darinah, Bantool.

--- [132] ---

CRITANE ANTÊPING JAKA

(candhake)

Nêmu marganing kamulyan.

Sajrone Si Sucipta nglakoni mangkono, niyate sangsaya mantêp, wusana banjur olèh pitulunganing Pangeran, yaiku pinaringan marga kang gampang bisa olèh pagawean dadi jurutulis ana ing salah sawijining kantor gêdhe ing Bêtawi, dene blanjane f 25.- sasasi. Saka rumasa angèl anggone golèk, mulane anggone nglakoni kanthi diêmên-êmênake, supaya kanggêp panyambutgawene. Barêng wong saomah lan tangga têparone wis padha ngêrti yèn Si Sucipta wis olèh pagawean, atine padha bungah, lan padha muji sukur, dene Si Sucipta wis mêntas saka guwa kasangsaran, banjur diparingi dalan kang bêcik lan kapenak.

Mungguhing anane karo wong tuwane, prakara kabar-kinabaran ora dilalèkake, malah sangsaya anggone ngati-ati. Dene pêrkara dhèwèke wis nyambutgawe, wong tuwane durung dikabari, sabab niyate anggone mènèhi kabar mau ngiras karo tilik babar pisan.

Kira-kira wis 6 sasi Si Sucipta anggone nyambut gawe, awake wis rumasa têntrêm, panganggone wis nyukupi, samono uga cèlèngane wis ana f 50.-, tumuli duwe niyat nyuwun pamit 14 dina karo panggêdhene, pêrlu arêp tilik wong tuwane.

Panyuwune uga kalêksanan lan esuke budhal mênyang Cakra, panggonan kalahirane Si Sucipta.

Kaanane ing sêpur ora kacritakake, mung Si Sucipta tansah krasa sênêng awit bakal kêtêmu bapakne.

Kacarita kaananing bapakne dina iku tansah krasa ora kêpenak, turu ora bisa, mangan samono uga, apa manèh nindakake pagaweane, sangsaya andadèkake ora karu-karuan, mulane tansah lungguh ana ing ngarêpan ngêntèni apa kang bakal tumiba ing awake. Saya cêdhak lakune Si Sucipta, Kyai Sudagar atine sangsaya anggone trataban, ngunggakngungak. ngiwa nêngan,nêngên. gèk bakal ana apa dene samubarange tansah beda.

Barêng ngungak nyang ratan, ketok saka kadohan, ana sadho têka. Sajrone ngêmatake mau, ketok ana jêjaka siji kang nunggang, sarta nggêgawa kaya-kaya lagi têka saka ing ngamanca. Mangka sakiwa-têngêne desane lan uga ing desane dhewe ora ana wong kang ana ing manca kêjabane Si Sucipta. Saya suwe sadhone saya cêdhak, lan sing nunggang saya cêtha. Durung nganti kyai Sudagar alok-alok anake têka, Si Sucipta wêruh saka kadohan yèn bapakne ngadêg ing ngarêp omah sacêdhake dalan, banjur ngawe-awe, sarta undang-undang bapakne, jalaran saka sênênge.

Sawise sadho têkan ingarêp omah, Sucipta tumuli mudhun, mlayoni bapakne, lan bêbarêngan mlêbu ingomah. Saka bungahe nganti ora bisa takon-tinakon, mung padha mrêbês mili bae jalaran saka wis lawas anggone ora tau kêtêmu, lan bapakne banjur kagèt, dene têkane mau ora nganggo kabar-kabar dhisik, mulane banjur tansah gawe tab-tabaning ati, lan uga ora bisa mêthuk.

Ora antara suwe, sawise kêtêmu padha slamête, si Sucipta banjur dikon mlêbu nyang ngomah, salin panganggo lan ngaso sawatara. Kyai Sudagar lan bature nata-nata kang dadi gêgawane, diudhunake saka sadho, lan digawa mênyang sajroning omah, sawise rampung, kusir banjur dibayar sapantêse.

Nitik saka ananing gêgawane si Sucipta ora mèmpêr bangêt, anake bisa nggêgawa sing samono akèhe lan pantês, karo manèh sandhangane ora paja-paja bangêt karo nalikane mangkat, pêrsasat wis salin anyar kabèh. Nanging kang mêngkono mau, kyai Sudagar durung wani takon, lan saka panêmune esuke bae, yèn si Sucipta wis mari kêsêl. Kacarita sanak sêdulure lan tangga têparone barêng brungukrungu. yèn anake kyai Sudagar têka, padha enggal-enggal anggone tilik kêpengin wêruh mungguhing rupa lan kaanane. Kabèh padha gumun, dene ora ngira ora nyana si Sucipta bisa kaya mangkono anane. Awake sangsaya waras, mundhak dhuwur, cahyane sumringah, saya manèh anggone mênganggo ora mèmpêr bangêt yèn bocah desa; sing durung wêruh padha ngira yèn putraning priyayi, samubarange kang diênggo sarwa barès lan mantêsi, karo manèh sanadyan ing wêktu iku momoran karo wong padesan, unggah-ungguh lan tatacarane ora ditinggal, lan babar pisan ora duwe ati gumêdhe.

Barêng esuke Si Sucipta lan bapakne pinuju lêlungguhan disambi ngombe wedang kopi, Sucipta banjur nyaritakake kaanane ing Bêtawi, saka wiwit bêndarane ngalih nganti sabanjure, ora ana kang kliwatan.

Bangêt andadèkake bungahing bapakne, barêng krungu yèn anake lanang wis olèh pagawean, sarta pamêtune 25 rupiyah sasasine. Ananging ing batine uga nêlangsa, dene anake mêntas nandhang susah bangêt, bapakne ora krungu sathithik-thithika sarta gumun bangêt, kok nganti samono kaantêpane anake lanang. Kyai Sudagar uga rumasa, yèn anake ngeman bangêt karo wong tuwa. Anggone ora ngabari bab kasusahane, awit wêdi yèn bapakne milu ngrasakake susah.

Kyai Sudagar banjur calathu : "Wah Cipta, sapira bungahku lan aku rumasa bêgja bangêt dene kowe pinaringan bisa cêkêl gawe, kang wis lawas anggonku ngadhang-ngadhang, saiki wis kêturutan. Rèhne kowe wis oncat saka kasêngsaran, lan wis nêmu panguripan, ora liwat saka panjalukku, sing ajêg anggonmu têmên lan ngati-ati kaya sing uwis-uwis. Sing gêmi nanging aja cêthil, bèr nanging aja ngêbrèh, lan sing dhêmên têtulung ya Cip. Yèn kowe bisa ngelingi kang mangkono, sanadyana ora mulya uripmu, nanging bisa ngrasakake sênêng.

Ana candhake.

--- [1057] ---

Ôngka 68 Rê, Pa, 18 Jumadilakir, Ehe 1868, 25 Agustus 1937, Taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm: tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi, Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun : Syanghai - Tlêcêring agêranggêr. '- Bab sêsakit edaning sêgawon - Kawontênan ing Tiongkok - Pontianak - Blilu tau - Jambore ing Vogelenzang - Kabar warni-warni - Wêwaosan - Jagading wanita.

Syanghai

[Grafik]

Sêsawangan kitha Syanghai, ingkang ing wêkdal punika nuju dados rêmbag wigatos tumraping pêrang Tiongkok - Jêpan.

--- 1058 ---

Raos Jawi

Tlêcêring anggêr

[Sinom]

sababe apa wong tuwa / biyèn têkane saiki / ora bosên ora kêmba / kabèh pijêr mituturi / criwis ora wis-uwis / ambolan-balèni wuwus / kongsi ambal-ambalan / ênggone ngêlèngi kuping / kaping-kaping pelinge padha kewala //

tan ana maning mung prentah / marang para ahli waris / malah wong liyaa pisan / mung padha dikon nglakoni / panggawe bênêr bêcik / nyirik nyang sing ala luput / iku mêrgane saka / kabèh sakèhe wong urip / sanyataning karêpe iya mêngkana //

kêna diukumi padha / ing sajagad pêsthi ugi / ora nganggo beda-beda / dhasar kandhutaning ati / mung padha andhêmêni / nyang bênêr bêciking laku / lumuh kidak ing tindak / ala luput diêmohi / kêcak thithik bangêt suthik kipa-kipa //

kêpêthuk bae prasapa / sapati urip ywa panggih / pinanggih ginawe ala / lan luput saking sasami / dene badan pribadi / sanadyan kulinèng laku / dhêmên gawe piala / gawe luput sajêg urip / pangrasane jare ora dadi ngapa //

dadi nèk ngono wus cêtha / wela-wela yèn wong urip / karêpe padha kewala / dhêmên mênyang bênêr bêcik / cihnane wus kêtitik / katôndha yêkti satuhu / atine padha bungah / padha dhêmên dibêciki / nora ana wong kang nampik binêcikan //

nadyan satru bêbuyutan / upama anggawe bêcik / ya wus mêsthi tinampanan / panrimane lair batin / mula kabèh wong urip / karêpe mung padha gandrung / mênyang ing kabêcikan / mêrga iku pancêr ati / pancêr karêp pancêr uripe wong donya //

dadi dènnya para wêrda / pijêr padha amêmêrdi / mênyang ing sapadha-padha / padha gêlêma nglakoni / kulina gawe bêcik / satêmêne mung miturut / karêpe wong sadonya / kabèh-kabèh sami ugi / padha dhêmên padha karêm kabêcikan //

ananging sababe apa / kabèh mêsthi padha suthik / laku gawe kabêcikan / sathithik bae diucik / iku jênêng bêkicik / bok nlusur srira sakojur / ukure padha bungah / awake digawe bêcik / yèn bênêre gawe bêcik rak ya bungah //

iya ngono apa ora / dadi aran sami-sami / aja kok padha balela / nyang karêpe kang sajati / tujune mênyang bêcik / titikane yèn arêp wruh / wus cêdhak krakêt ngawak / ora bisa anggorohi / anggêr uwong padha bae ora ana //

sing bungah digawe ala / lan susah digawe bêcik / sing sapa digawe ala / iya mêsthi êsak sêrik / singa digawe bêcik / iya suka iya sukur / yagene padha sungkan / anglakoni gawe bêcik / bok iya ta rada nganggo thithik edhang //

olèhe anggalap mênang / nèk êmoh agawe bêcik / ya mung aja gawe ala / puwungan wus makolèhi / waton gêlêm nglakoni / lan santosa kang satuhu / iku ya bisa têkan / panggonan agawe bêcik / okèh thithik jênêng [jê...]

--- 1059 ---

[...nêng] uripe tan tuna //

tinitah suwitèng Allah / sinung murah dipawiti / budi luwih amardika / karêp tanpa diwatêsi / nganti satêkan pati / pintune lagi tinutup / marma padha manuta / karêping ati pribadi / dadi anggêr kang wus bênêr ing sanyata //

[Iklan]

bodho pintêr ora beda / padha bisa maca ati / têtêp ora bisa owah / wong sajagad angênggoni / yèku anggêr sajati / wuta tuli bisu lumpuh / padha bisa kasrambah / wêwarah karêping ati / singa nêrak pêpacak tinêmu ngawak //

iku tulis tanpa sastra / kari ngukur anakêri / karêping ati priyôngga / yèku anggêring wong urip / arêp digawe bêcik / yèn digawe ala lumuh / iku dèn pituruta / padha gêlêm anglakoni / gawe bêcik aja agawe piala //

ya kadi badan pribadya / tan beda karêping ati / nanging iki klêbu mokal / bisane padha nglakoni / kaanane wong urip / sing akèh isih mrêkewuh / durung ngawruhi marang / barang panggawening dhiri / marma mawa pangon kang môngka pangarsa //

pangrêksaning karaharjan / ratu satriya myang rêsi / lan pra sarjana sujana / padha wajib tuduh margi / mrih manggih anggêr jati / tujuning sarwa tumuwuh / wruha ing kanyataan / nuhoni karêping ati / môngga karsa ngèsthi purnamèng pranata //

(1868).

Panjurung

--- 1060 ---

Bab Kasarasan

Bab sêsakit edaning sêgawon (hondsdolheid)

Sambêtipun Kajawèn nomêr 67

Kula punika tiyang Rus, utusanipun nagari, kula tampi dhawuh, kêdah nyinau lan mriksa kawontênanipun papriksan lan pangudinipun Tuwan Pasteur ing bab sêsakit edaning sêgawon tuwin jampinipun. Asmanipun Tuwan Pasteur sampun misuwur ing nagari utawi ing dhusun-dhusun bawah Ruslan. Rajakaya ing ngrika mèh têlas katrajang sêsakit miltvuur, lan kathah têtiyang utawi kewan ingkang pêjah jalaran katrajang sêsakit edaning sêgawon.

Tuwan-tuwan, kula ngalêmbana sangêt, lan kula purun nyêmbah dhatêng tiyang ingkang sagêd manggihakên jampinipun sêsakit wau. Tuwan pangarsa, kula sadaya dèrèng sagêd sumêrêp punapa kruma kewan ingkang lêmbat-lêmbat punika ambêbayani punapa botên tumrap tiyang utawi kewan ingkang saras. Namung kula kamipurun ngaturi rêmbag dhatêng parêpatan, yèn Tuwan Pasteur botên karsa rawuh ing parêpatan ngriki, kula sadaya kêdah dhatêng ing dalêmipun Tuwan Pasteur.

Dr. Charbonnet: Punapa kula sadaya kêdah andhap-asor dhatêng Pasteur.

Dr. Zaranoff: Andhap-asor dhatêng sanès punika tatakrama ingkang prayogi, saya malih tumrap dhatêng tiyang ingkang badhe pikantuk pitulungan jampi.

Têtiyang ing parêpatan sami kêplok-kêplok rame saha nyuwara: cocog, parêpatan kêdah sowan dhatêng Pasteur, dene ingkang dados pangarsa utusaning parêpatan dhatêng dalêmipun Tuwan Pasteur inggih Dr. Charbonnet.

Nalika Dr. Charbonnet dhatêng ing dalêmipun Tuwan Pasteur, Tuwan Pasteur pinanggih sawêg nyinau lan damêl cobèn daging sacuwil ingkang dipun gandhulakên ing pipa ingkang isi wisa sêsakit.

Dr. Charbonnet ngandika mêmiringi: Dr. Zaranoff ing ngriki (sêrat kabar) mratelakakên manawi sampeyan sagêd anjampèni utawi damêl saras tiyang ingkang sakit edaning sêgawon.

Tuwan Pasteur mangsuli: Sampun limrah kabar ing sêrat kabar punika asring kêladuk utawi nasar, kula namung damêl cobèn-cobèn rumiyin.

Dr. Charbonnet: Ing palapuran sampeyan dhatêng Geneeskundige kring mratelakakên, yèn manggihakên jampi ingkang sagêd nyirnakakên kewan alit-alit wau.

Tuwan Pasteur: Inggih mangke tamban-tambanan, kula mêsthi sagêd nyatakakên yèn kruma alit-alit wau dados sabab ingkang sagêd anukulakên sêsakit warni-warni, lan saking sakêdhik padamêlan utawi pamanggihing tiyang punika têmtu sakêdhap majêng sakêdhap kèndêl, yèn wontên pikiran inggih lajêng majêng malih, sami kadosdene lare ingkang sinau lumampah anjangkah sajangkah kalih jangkah kèndêl utawi dhawah andheprok, ngadêg anjangkah malih salajêngipun.

Biyungipun lare wau asring wontên ingkang wicantên: Ayo ngadêg mlaku manèh, aja wêdi

--- 1061 ---

lan aja mondhag-mandhêg mêngko kêsuwèn anggone bisa mlaku têmênan.

Dr. Charbonnet mèsêm ngèncêpi dhatêng Tuwan Pasteur, lajêng tindak dipun dhèrèkakên para dhoktêr ingkang botên mathuk dhatêng Tuwan Pasteur wau.

Tuwan Pasteur sêmu muring-muring ngandika: Sarèh rumiyin, yèn panjênêngan sadaya botên pitados wontênipun kruma, lah ing gêbyas alit (buisje) punika isi baksil wisanipun sêsakit edaning sêgawon, cêkap kangge ngrisak jiwanipun tiyang sanagari ngriki.

Dr. Charbonnet ngandika: Kaparingna baksil ingkang sampeyan asta punika, gêbyas alit dipun rêbat dipun bikak tutupipun.

Tuwan Pasteur ngèngêtakên, ngatos-atos, 1/1000 gr. baksil punika manawi tumèmpèl ing kulit ingkang busèt utawi babak sagêd aniwasi.

Dr. Charbonnet mêndhêt lading kangge nyudhèt lêngênipun, wisa ing gêbyas dipun sokakên ing tatu wau. Dr. Charbonnet: Tuwan Pasteur sapunika sampeyan kantun nêtêpakên jam pintên pêjah kula.

Para dhoktêr lajêng sami mêdal saking Laboratorium-mipun Tuwan Pasteur, namung Dr. Zaranoff ingkang taksih nêngga ing ngriku. Tuwan Pasteur lêngêr-lêngêr.

Enjingipun wontên satunggiling sêrat kabar martosakên: satunggaling dhoktêr ingkang agêng pangkatipun sampun purun nyuntik sariranipun piyambak mawi wisa (baksil) edaning sêgawon, nandhakakên yèn thukulipun sêsakit punika botên saking wisa (baksil) kados pamanggihipun.

[Iklan]

Tuwan Pasteur wau nasar utawi kalintu.

Ing sanès dintên wêkdal Dr. Charbonnet lêlênggahan wontên ing restoran kalêrês wontên têtêpangan ing ngriku wicantên: manawi manut pamanggihipun Pasteur panjênêngan têmtu sampun dipun kubur.

Dr. Charbonnet: Kula botên kraos punapa-punapa malah raosipun sakeca, langkung kathah baksilipun Pasteur kalêbêt ing badan, kangge kula malah wêwah lêma.

Têtiyang ingkang wontên ing restoran mirêngakên makatên wau sami gumujêng cêkakakan. Tuwan Pasteur dipun anggêp kadosdene badhud ingkang sagêd damêl lêlucon.

Badhe kasambêtan

R. Sumadirja, Ind. Arts. Sêmarang.

--- 1062 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Tiongkok

Manawi ngèngêti kawontênaning paprangan ing Tiongkok, punapa malih manawi maos pawartos ing bab kawontênanipun ing ngriku, raosipun ngantos ambingungakên, awit gêgayutanipun ngrika-ngriki, namung sarwa ruwêd, punapa malih ing bab wontêning papan-papan ingkang wontên pasulayan, ngantos kisruh botên kantên-kantênan. Wontênipun makatên, botên sanès jalaran saking kathah ingkang ngêmori damêl. Mila kados prayogi kapêndhêtakên wartos sawatawis ingkang prêlu-prêlu kemawon.

[Grafik]

Lèpèn Pagoya, ing Kanton

Ingkang pinanggih langkung wigatos ing paprangan punika, 1 ing bab badhe wontêning campuhan umum, 2. katingalipun Inggris badhe ngêmori damêl, saha badhe nyupêkêtakên rêmbag, ingkang wigatosipun badhe ngayomi dhatêng golongan ngamônca ingkang kêjêpit wontên ing laladan Tiongkok. Bab punika sampun wontên raosipun bilih rêmbag punika badhe kathah gêgayutanipun kalihan nagari ngamônca, awit ingkang nama kêcêpit wontên ing tanah ngriku botên namung bôngsa Inggris piyambak. 3. Ing Cing Tao badhe wontên paprangan ingkang anjalari Jêpan kêpêksa ngêlong kêkiyatanipun kangge nindakakên damêl ing ngriku. 4. Tumraping wadya lautan Tiongkok, botên sagêd selak tamtu ngêmori damêl ing ngriku, malah sagêd ugi anggayut rêndhêting dagang layaripun Tiongkok punapadene Jêpan. Bab punika mênggahing kanalaranipun pinanggih sarwa wigatos, awit namung badhe sarwa ngèngingi tataning panggêsangan ingkang baku dados tatananing donya. Mênggahing gampilanipun, sintên ingkang risak pangupajiwanipun, inggih atêgês risaking panggêsanganipun. Manawi kalampahan makatên, tamtu badhe damêl kapitunan ing sadayanipun.

--- [1063] ---

[Iklan]

Mirid sêsulak kados makatên punika, lajêng katingal bilih ingkang pasulayan punika sami babagipun, tamtunipun anggèning sami babag wau atêgês sami badhe agêng karisakanipun, inggih risaking jiwa, inggih risaking bôndha tuwin inggih risaking bawana.

Kados ingkang dipun wastani kêjêpit, punika sayêktosipun botên Inggris piyambak, inggih ngengingi Prancis tuwin Amerikah. Kados ta wontênipun ing Syanghai, tumraping nagari tiga wau ngrumaosi sampun rupêk sangêt, botên sagêd badhe namung kèndêl kemawon, inggih lajêng kêpêksa tumut cawe-cawe, sanadyan wohipun dèrèng katingal, nanging nama sampun tumandang.

Tumrap dêdrêging rêmbagipun Jêpan kalihan Tiongkok, botên sagêd dipun êlukakên salah satunggal. Mênggahing kajêng, Jêpan kapengin kasambadana sêdyanipun, ing bab unduring wadyanipun saking Syanghai, sagêda sêsarêngan kalihan wadya Tiongkok.

Pangajêng-ajêngipun Jêpan ingkang kados makatên punika, Tiongkok botên nyuwawèni. Wontênipun makatên, saking Tiongkok sampun botên gadhah kapitadosan dhatêng sawarnining prajanjian saking Jêpan. Makatên ugi manawi ngèngêti rêkaosipun anggèning ngrêbat laladan ingkang sampun dhawah ing tanganing liyan, punika inggih awrat sangêt mituruti. Kajawi punika Tiongkok inggih rumaos sêmang-sêmang dhatêng tindakipun Inggris anggèning dados juru pamisah, botên kok mastani ambaukapine, namung samar, punapa inggih rêmbagipun badhe dipun condhongi dening ingkang sami pasulayan.

Cêkakipun nagari kêkalih punika, saupamia grabah, sampun ngêmprok-êmprok, badhea dipun dalit kadospunapa, sampun botên sagêd pulih. Malah adhakanipun sagêd anjalari rêmuk babarpisan.

Ing bab pinanggihing lêlampahan ing Tiongkok, wontênipun namung ewah gingsir, kados ta ing ngajêng pandhêsêking wadya Jêpan tansah majêng, tandangipun sarwa nyamari. Nanging sarêng campuhipun ingkang sami pêrang tuwuh ing pundi-pundi, tandangipun Jêpan ing Syanghai lajêng pinanggih kêndho. Ing kala punika wadya lautan Tiongkok katingal kuthuk, nanging dangu-dangu lajêng wontên kapal torpedho Tiongkok nêmpuh kapal pêrang Jêpan Izumo tuwin adamêl kèrêming kapal-kapal dagang Jêpan.

Sarèhning pinanggihipun kados makatên, mênggahing nalar mèmpêr sangêt bilih tindak makatên punika saya damêl jalaran agêng paprangan.

--- 1064 ---

Tanah Dalah Tiyangipun

Pontianak

Pontianak punika satunggiling nagari ing Borneo sisih kilèn, mêngku laladan ing Pontianak, Landhak, Sanggo tuwin Sêkadho. Wêwêngkonipun Pontianak punika ingkang sisih kilèn amangku sagantên Cina, ing sisih lèr têpang-watês kalihan Mampawah tuwin Landhak, ing lèr wetan têpang-watês kalihan Landhak, ing sisih wetan têpang-watês kalihan Tayan, dene ing kidul wetan têpang-watês kalihan kubu, katrajang ing lèpèn Kapuas, kalêbêt lèpèn agêng ing Borneo.

[Grafik]

Patandhon toya jawah ing tong.

Têtiyangipun ing ngriku kêgolong campuran, bôngsa Walandi, tiyang siti (Dhayak), wontên malih tiyang siti ngamônca, inggih punika bôngsa Malayu, Bugis tuwin Jawi, bôngsa Tionghwa, bôngsa Arab tuwin sanès-sanèsipun. Ingkang dipun wastani bôngsa Malayu ing ngriku punika golongan sampun turunan, dene tumrap ingkang taksih asli (tulèn) ingkang kathah dhatêngan saking ngamônca ingkang sakawit niyat manggèn ing ngriku. Têtiyang wau lajêng sami ulah têtanèn, ingkang kathah sami ulah kêbon kalapa. Dene tumraping bôngsa Bugis, kapetang ingkang kina piyambak dhatêngipun ing ngriku.

Tumraping bôngsa Dhayak ingkang dipun wastani tiyangipun siti ing ngriku, panggêsanganipun ugi ulah pakêbonan, nanging malah kapetang botên sapintêna.

Bôngsa Arab ingkang wontên ing ngriku, kathah ingkang sami ulah kêbon kalapa tuwin dagang koprah. Dene gêsangipun wontên ing laladan ngriku kapetang ingkang angsal pangaji-aji piyambak. Wontênipun makatên, amargi bôngsa Arab punika kapetang ingkang mancêr para agêng.

Bôngsa ingkang kapetang majêng piyambak ing bab anggèning among dagang ing ngriku, punika bôngsa Tionghwa, kenging dipun wastani ing pundi-pundi ingkang nama papan rame sami wontên bôngsa Tionghwa ingkang dados sudagar agêng anampèni wulu pamêdalipun ing ngriku.

Nagari ing ngriku punika winêngku ing raja sêsêbutan sultan, ingkang ugi mêngku paprentahan piyambak. [piya...]

--- 1065 ---

[...mbak.] Saha pinanggihipun kasultanan ing Pontianak punika ugi misuwur ing pundi-pundi, awit panjênênganipun sultan punika kêgolong sumrambah tuwin sagêd ngêmori dhatêng kamajênganing jaman.

Nagari Pontianak punika kapetang nagari ingkang majêng tataning panggêsanganipun, mila pinanggihipun saya dangu saya tata raharja. Namung nagari ngriku punika kapetang awis toya tawa, mila tumraping tiyang gêgriya sami gadhah patandhon toya mêndhêt saking toya jawah. Malah ing ngriku kenging kadosdene kangge ukuran, bilih tiyang ingkang sugih patandhon toya, punika dados tandhaning kacêkapan. Nanging kosokwangsulipun, papaning kitha ing sacêlaking sagantên, kenging dipun wastani kitha wontên sanginggiling toya, baita-baita alit-alit pating sliri sami sagêd malêbêt ing pakampungan ingkang awujud griya wontên sanginggiling toya.

Namaning nagari: Pontianak, punika asring dados rêraosan, têgêsipun punapa. Ing bab punika ugi wontên dêdongenganipun, ingkang gêgayutan kalihan karaning nagari wau. Pontianak punika basanipun Malayu atêgês lêlêmbat, miturut kapitadosan, lêlêmbat wau kêdadosan saking tiyang pêjah konduran, saha gadhah wêwatêkan awon. Nama wau tumrap satunggil-satunggiling nagari inggih irib-iriban kemawon, kados ta bôngsa Sundha mastani kuntiyanak. Ing Borneo kidul wetan mastani kungkiyanak. Bôngsa Nias mastani matiyana. Bôngsa Manilah mastani patianak, ingkang kajêngipun: mêjahi lare. Ingkang punika lajêng nuwuhakên piandêling gugon-tuhon, manawi wontên tiyang èstri manak enggal, tansah samar manawi dipun ganggu damêl ing lêlêmbat punika.

Tumrap cêcriyosan Minahasa, wontên kapitadosan, Pontianak punika kadadosan saking alusing tiyang pêjah ingkang jalaran wawrat tanpa gurulaki, mila manawi sumêrêp tiyang jalêr lajêng ngancap kemawon.

Kapitadosan ing Minahasah punika sairib kados kapitadosan Jawi. Pontianak punika tumrap bôngsa Jawi ugi nama makatên, nanging kêlimrahipun dipun wastani sundêl bolong. Kacariyos sundêl bolong punika lêlêmbat awujut tiyang èstri arambut panjang, gêgêripun bolong, rêmênipun ganggu damêl tiyang jalêr angangkah tiwas. Dene sababing bolong ing gigir wau, nalika taksih dados tiyang gêsang, petan wontên ngandhap wit jambe, gigiripun kadhawahan upih, andadosakên jalaraning bolong. Mila tumraping bôngsa Jawi ngawisi tiyang petan wontên ngadhap wit jambe.

Bab Buku

Redhaksi Kajawèn sampun nampèni Sêrat Sandi Masjid Dêmak, saking H.B. Suci Rahayu ing Purwakêrta.

Sêrat wau aksara Latin, isi 25 kaca, ukuran alit. Rêgi f 0.25, mratelakakên ing bab sandi-sandi ingkang gêgayutan kalihan masjid Dêmak, dados pambukaning ngèlmi kabatosan.

Buku punika Bale Pustaka botên sade.

Redhaksi Kajawèn ugi nampèni buku ngèlmu wangun, anggitanipun Radèn Pandayawursita, mantri guru Vervolgschool ing Nagasari, Bayalali.

Buku wau aksara Latin, isi 27 kaca, mratelakakên ing bab pangajaran ngèlmu wangun. Rêgi f 0.20, manawi tumbas langkung 10 buku, rêgi f 0.12 satugalsatunggal. iji.

Panumbasipun dhatêng R. Sastrodihardjo, Reksonitèn Solo.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên panuwun.

--- 1066 ---

Blilu Tau

Anggitane : Wiryawiharja, sambêtipun Kajawèn nomêr 64.

[Sinom]

Dhayoh mau ora liya / sing dadi têlênging ati / iya Nyai Wanajaya / ning têkane mung ijèn thil / saya krasa ing ati / apa ta sababe iku / cêkake Nyai Wana / uwis dipapanke linggih / nganti suwe anggone tangis-tangisan //

sawise Wana carita / lêlakon sing dilakoni / gênti Nyai Wanajaya / nyritakke sing dilakoni / o anakku gèr Kunthing / dhèk biyèn ing saungkurmu / kaananku mêmêlas / mèh bae anglalu pati / rahayune bojomu têtulung enggal //

Si Wana krungu carita / atine karasa mak sir / sauwat banjur kèlingan / bojone gèk mênyang ngêndi / pitakone nyêlani / hla êndi anakmu biyung / durung rampung gunêman / biyunge enggal mangsuli / mêngko dhisik durung tutug gonku crita //

mundhak dina saya mundhak / anggonku nandhang prihatin / bojomu banjur angajak / nusul kowe anggolèki / dene bapakmu Kunthing / saprene durung kêtêmu / Si Wana saya susah / krungu kabar ngono kuwi / Nyai Wana nêrusake gone crita //

suwe olèhku ngumbara / jajah desa milang kori / karo dak sambi dodolan / kaku kidhung dak tekadi / sanguku bêras sithik / dak êdol payu sasuku / iku dakgo pawitan / mung ngarah bathi sathithik / dadi awèt ana sing dianggo jajan //

sabên-sabên ana pasar / ya nindakke ngono kuwi / yèn nuju ngliwati desa / sing sajake rada sêpi / ing kono aku nyambi / idêr-idêr bumbu-bumbu / srana urup-urupan / kaya uyah trasi kuwi / diurupi apa wêtune ing desa //

gaplèk jagung apa-apa / samurwate ing pangaji / olèh-olèhane murwat / dak êdol ya olèh bathi / malah sing ngono kuwi / sing gampang olèhe untung / mangkono sabên dina / nganti têkan ngêndi-êndi / ora lali aku tansah golèk kabar //

nuju sawijining dina / dilalah sing dak pondhoki / ana wong gawe gegeran / ngamuk punggung mêmatèni / kabèh wong padha giris / salang-tunjang padha mlayu / aku samono uga / mung mikir olèhku ngungsi / iya iku jalarane pêpisahan //

bubare ana gegeran / bojomu ya dak golèki / mênyang desa-ingadesa / sabên uwong dak takoni / ora ana sing ngrêti / pikiranku saya bingung / aku têrus ngumbara / nganti têkan kene iki / ora nyana kêtêmu lan kowe Wana //

Si Wana krungu carita / karasa-rasa ing ati / mênyang bojo bangêt wêlas / kaya kudu anggolèki / nanging gèk mênyang ngêndi / anggone arêp angluru / ora wurung ya sida / kalakon kaya sing uwis / ubang-ubêng gênti golèk-ginolekan //

tumuli salin gagasan / ngira bojone wis mulih / trêkadhang bapakne barang / ngono iku yèn lastari / padha ginanjar urip / ora nêmoni pakewuh / mula atine Wana / uwis têtêp kudu mulih / Nyai Wana dikandhani ya mupakat //

mung kari ngêntèni dina / anggolèki dina bêcik / ngiras karo nata gawan / sing prêlu lan sing pangaji / barang sing ora aji / diwèhake wong sing butuh / kocapa barêng mangkat/ [mang...]

--- 1067 ---

[...kat/] ora kurang wong sing ngiring / ora kocap mêmanise ana dalan //

22. Dhayohe Wanajaya

... sasêlane anandur / bisa nyambi dadi undhagi

[Dhandhanggula]

salin ngrêmbug Wanajaya gênti / kocap nuju sawijining dina / kaki Wana ana ngèmpèr / lungguh ing kursi mungguh / nyandhing kênap iyasan pèni / sajak laras têmênan / dhasar wayah esuk / langite pinuju padhang / ngombe wedang nyênyamikan kambi nyambi / ngulur-ulur gagasan //

yèn dak gagas kaananku iki / kaya-kaya ora kêkurangan / sarwa kapenak sajêge / pamêtuku lumintu / nadyan sithik nanging nyukupi / malah kapara turah / kêna kanggo gajul / yèn pinuju ora ana / mula aku ora tau pisah dhuwit / ora ketang sagobang //

muga-muga bisaa lastari / têtêp kaya sing uwis tumindak / janji aku tlatèn bae / sabên ing wayah esuk / isih pêtêng aku wis tangi / tumuli mênyang jaba / banjur nyandhak sapu / awakku krasa kapenak / yèn wis ngono arêp apa-apa masthi / iya sarwa kapenak //

sing ajêgan banjur dadèk gêni / godhog wedang lan gawe sarapan / jalaran aku wong ijèn / kêlan ngliwêt ya kudu / aku dhewe sing angrampungi / cêkake apa-apa / kabèh ana ngaku / sarampunge olah-olah / aku wiwit nyambutgawe golèk asil / supaya bisa mangan //

kanggo baku atase wong tani / ora liya ya anggarap têgal / nênandur kaya adate / sasêlane nênandur / bisa nyambi dadi undhagi / bêburuh ngarah opah / yèn ana sing butuh / yèn ora ana buruhan / ana ngomah iya bisa nyambi thak-thik / anggarap apa-apa //

dadi kêna disêbut ngabèhi / iya tani sarta iya tukang / disêbut bakul ya kênèk / ya lurah iya buruh / ya bandara lan iya abdi / ya pladèn iya padang / ya bapa ya babu / ya wong tuwa iya anak / têkan kono kaki Wana gone mikir / banjur guyu dhewekan //

Bakal disambung.

Sêsorah ing Radhio saking Bale Pustaka

Benjing dintên Ngahad sontên, tanggal 29 Ogustus 1937, wanci ½ 8 dumugi jam 8, Bale Pustaka ngawontênakên sêsorah ing radhio Nirom 2 golflengte 190, ing bab kolonisasi. Ingkang mêdhar sabda Tuwan S. Harjadibrata.

--- [1068] ---

Jambore ing Vogelenzang

[Grafik]

Pakuwon-pakuwon ing Vogelenzang, katingal ngadêg ing saênggèn-ênggèn. Punika dèrèng katingal sadaya.

Ing ngandhap: untabing pandhu tuwin tiyang ningali nalika jambore dipun bikak dening Sri Bagendha Maharaja Putri tuwin Lord Baden Powell.

[Grafik]

Têmpuking jambore ing Vogelenzang, nagari Walandi, sakalangkung rame, cacahing pandhu ingkang nglêmpak ing ngriku ngantos dasanan ewon, ugi kalêbêt pandhu saking tanah ngriki.Tumraping para maos ingkang gêgayutan raos kalihan kawontênaning pandhu punika, tamtu tansah ngajêng-ajêng badhe nguningani gambar-gambaripun, amargi gambar-gambar wau lajêng kenging kangge mêmêtha dhatêng kawontênanipun para pandhu ingkang sawêg kêklêmpakan, punapadene nguningani cara-caranipun anggènipun sami tumindak ing damêl.

Ing kala punika kêmpaling para pandhu wau ugi atêgês kêmpal saha pasrawunganipun pandhu saking nagari-nagari saindênging bawana, lôngka wontênipun lêlampahan kados ingkang pinanggih ing kala punika.

--- 1069 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Inheemsche Mulo Muhammadiyah. Inheemsche Mulo Muhammadiyah ing Ngayogya ingkang nêmbe kabikak nampèni murid cacah 40, saking vervolgschool Muhammadiyah tuwin sanès-sanèsipun. Para murid wau katamtokakên dhatêng ing pamulangan ing Bintaran Lor benjing tanggal 1 Sèptèmbêr 1937. Mulo punika ancasipun kados Mulo Jawa ingkang ugi nêmbe kabikak ing Surakarta.

Wos saking sajawining praja tumrap Mênado tuwin Maluku. Sarèhning langkunganing wos ing tanah Jawi ing mangsa punika katingalipun kirang, botên kados padatan, tuwin jalaran saking kathahing wos ingkang kawêdalakên dhatêng tanah Sabrang sawatawis wulan kêpêngkêr, mila wiwit tanggal 1 Sèptèmbêr ngajêng punika, têtiyang sampun kenging nglêbêtakên wos malih saking sajawining praja dhatêng laladan Mênado tuwin Maluku.

Tandha pangèngêt-èngêt konjuk Sampeyandalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan. Nyarêngi dhawahing kalih windu jumênêngdalêm Sampeyandalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogya, pêpatihdalêm angunjukakên tandha pangèngêt-èngêt awarni jam agêng kangge rêrênggan kitha, saking para punggawa Gupêrmèn, para partikêlir tuwin bangsa Tionghwa. Jam punika badhe dipun pasang wontên sakilèn Pagêlaran. Nanging ugi taksih ngêntosi kêparênging dhawuh timbalandalêm. Kajawi punika, kabupatèn Gunungkidul angunjukakên gapura minangka tandha watêsipun Ngayogyakarta kalihan Surakarta. Gapura punika kaêdêgakên wontên ing dhusun Jênthir, kêlurahan Tancêp, ondêr distrik Sêmin.

Sami angsal ganjaran anggangsal atus rupiyah. Kados ingkang sampun nate kawartosakên, tuwan K.E. Schutt ingkang mêntas manggih bêbaya motor mabur, punika suka ganjaran dhatêng tiyang kalih, satunggal-satunggaling tiyang f 500.-, amargi tiyang kalih wau sami têtulung nalika kasangsaran. Tindaking tiyang kalih wau, nalika motor mabur nêngah-nêngahi kêbêsmi, sami malêbêt dhatêng têngahing latu murub nulungi tuwan Schutt.

Mangsulakên langkungan pajêg siti. Miturut karampunganipun ingkang wajib, pajêgipun siti pakêmpalan Oei Tiong Ham ingkang sampun pintên-pintên taun dados papriksan, ing sapunika sampun katêtêpakên. Sagêd ugi gemeente Sêmarang badhe mangsulakên arta f 75.000.-, miturut pambayaran pajêg ing taun 1930 dumugi taun 1932.

Griya pangupakaran tiyang sakit ewah. Pakaryan Kasarasan badhe ambikak griya sakit tiyang sakit ewah ingkang sampun botên nyamari, kanthi dipun sadhiyani pasitèn kangge ulah têtanèn. Ingkang sampun kasuwun dhatêng Parentah, tumrap Madiun tilas griya sakit, cêkap tiyang 200, ing Ambarawa, tilas griya militèr. Kajawi punika ugi badhe ngêdêgakên ing Banyuwangi. Tumrap tanah Sabrang badhe ngadani ing Samarinda tuwin Pontianak.

Candhi kina ing Gêbang. Dèrèng dangu ing Gêbang, Ngayogya, pinanggih wontên candhi kina, saha sampun kapriksa dening Pakaryan babagan barang kina. Pikantuking papriksan candhi wau yasan kala abad ingkang kaping wolu. Nanging sarêng kalajêngakên pandhudhukipun, candhi wau pinanggih botên wêtah, ing perangan têngah sampun kathah ingkang ical, saha kakintên tiyang botên badhe sagêd mulihakên. Risaking candhi wau kakintên ingajêng kapêndhêtan pêrlu kangge yêyasan têtiyang ingriku.

[Iklan]

Putra bangsa agêng Kutai ngabêkti dhatêng karaton. Putranipun Pangeran Sosronagoro ing Kutai ingkang badhe nglajêngakên sinau dhatêng Bandung, kairid sowan ingarsadalêm Sampeyandalêm Ingkang Wicaksana, pêrlu kasuwunakên ngabêkti.

Badhe dhatêng Amerika. Wontên wartos, awit saking kaparêngipun ingkang wajib, Dr. Soemedi, pangagênging Pakaryan Kasarasan ing Purwokêrto, kadhawuhan dhatêng Amerika, kawigatosanipun badhe kadhawuhan mara-marakakên ing bab kasarasan wontên ing pundi-pundi. Anggèning wontên ing Amerika kintên-kintên 3 taun.

Karajan Surakarta sampun madêg 200 taun. Miturut petangan Jawi, benjing 20 wulan malih adêging karaton Surakarta sampun jangkêp 200 taun, kapetang wiwit pindhahipun saking Kartasura. Miturut pêpetanganipun para golongan abdidalêm ing Surakarta, dhawah wontên ing dintên Rêbo tanggal 17 Sura taun Je 1870, utawi tanggal kaping 8 Maart 1939. Ing bab punika tumraping abdidalêm ing Surakarta badhe ngawontênakên pèngêtan kanthi paargyan, saha sapunika sampun kalampahan wontên comite ingkang madêk saking golonganing Kanayakan Gêdhong Kiwa.

Rukun Santana Dalêm. Ing Surakarta wontên pakêmpalan ingkang namanipun kados irah-irahan punika. Ancasing pakêmpalan punika badhe mitulungi para darah kraton ingkang sami nandhang sangsara.

Golongan boyongan angsal sudan saking S.S. Kawartosakên, Pakaryan Sêpur nyuda waragad 25% tumrap para tiyang ingkang sami badhe boyongan dhatêng Lampung tuwin Sumatra Kidul, tumrap klas 3 tuwin 4. Sudan wau tumrap margi S.S. ingkang dumugi Tanjung Priok, tuwin margi S.S. ing sawetan Surakarta.

--- 1070 ---

Gunggungipun têtiyang ingkang sakit T.B.C. saya mindhak. Awit saking pinanggihing paniti ingkang katindakakên dening panyêgah sêsakit T.B.C. gunggungipun malah saya mindhak. Kala têngah-têngahaning taun punika wontên 3344, pêpetangan makatên kala wontên ing taun 1935 - 1600.

Pamulangan luhur Pangadilan. Lulus candidaatsexamen perangan kapisan, tuwan-tuwan: Soediman bin Haji Tajibnapis, M. Mohammad Ali Soeparto Wasitohardjo, Be Kiem Yan, Andi Zainal Abidin tuwin nonah R. Hadidjah. Lulus candidaatsexamen perangan kalih, tuwan-tuwan: R. Roby Moedjaswardi, Lie Kian Kim, Abdoelkarim tuwin R.A. Moeh Sis Tjakraningrat.

Pamulangan luhur Dokter. Lulus artsexamen perangan kapisan, tuwan Soegiri tuwin tuwan Liem Tjeng Giok.

[Grafik]

Sêtelêngan ing Sukabumi. Dèrèng dangu punika ing Sukabumi ngawontênakên sêtelêngan barang-barang didamêlipun têtiyang ing laladan ngriku, inggisinggih. punika sêtelêng Kêma'muran (Welvaartstentoonstelling). Inginggil punika ngêwrat gambar salah satunggiling bangonipun "Pakas" inggih punika pakêmpalanipun tukang tosan (pande) ingkang katuntun lan dipun apèn-apèni dening Departement Economische Zaken.

Buku pèngêtan adêging Kraton 200 taun. Tuwan K.H. Abaras, redacteur Solo-Post, ing wêkdal punika sawêg ngarang buku adêging Kraton Surakarta 200 taun, mawi rinêngga-rêngga ing gambar, basa Walandi tuwin Mêlayu. Kintên-kintên badhe rampung wontên ing wulan Januari 1938. Dumuginipun sapunika sampun kathah ingkang sami mêling. Tuwan Soengkar mêling ingkang mawi kasamak adèn, badhe kapisungsungakên dhatêng Nata ing Irak tuwin ing Mêsir.

Padagangan kajêng ing Sangkulirang majêng. Kawartosakên, bangsa Jêpan ingkang ngawontênakên kabudidayan mêndhêt kajêng ing Sangkulirang, Borneo, katingal saya majêng. Majêngipun wau jalaran kintunan kajêng saking Amerika dhatêng Jêpan namung sakêdhik sangêt, tuwin kintunan saking Tiongkok sampun katutup. Malah wontên wartos, kabudidayan wau nyuwun palilah malih badhe anjêmbarakên têbanipun panggaotan.

Sêpur Pasar Gambir. Benjing Pasar Gambir ing Bêtawi, S.S. ing Bandung badhe ngawontênakên sêpur mirunggan saking Bandung dhatêng Bêtawi, kadhawahakên wontên ing dintên Sabtu tanggal 4 Sèptèmbêr.

Darma dhatêng Tiongkok. Adêging panitya pados darma tumrap Tiongkok ing tanah ngriki, sampun sagêd ngintunakên arta langkung sayuta dollar dhatêng Syanghai.

Pambêsmèn mayit. Wontên wartos, B. en W. ing Bêtawi badhe usul dhatêng Parentah kêparênga ngêdêgakên papan pambêsmèn mayit wontên ing landhof, waragadipun badhe dipun sanggi dening gemeente. Waragadipun kintên-kintên wontên f 20.000.-. Tumrap golongan bangsa Jêpan badhe urun f 2000.-, amargi pinanggihipun sapunika tumrap bangsa Jêpan wau manawi ambêsmi mayit namung mawi pirantos ingkang prasaja sangêt. Papaning pambêsmi badhe wontên ing wingking, dene tumindaking upacara wontên ingajêngan. Namung wontên pakèwêdipun sawatawis, dene cara ambêsmi mayit wau tumrapipun ingriki dados awisan.

Wilujêngan ing station Cirêbon. Sampun sawatawis dintên ing station Cirêbon dipun wontênakên wilujêngan mawi têtingalan warni-warni. Mênggah wigatosipun wilujêngan wau naluri padatan, amargi saking kapitadosanipun têtiyang ingriku, manawi botên kawontênakên wilujêngan makatên, kêrêp wontên kasangsaran. Wilujêngan wau katindakakên sabên taun sapisan.

Wêdalipun wos saking tanah Jawi. Uwos tanah Jawi ingkang kakintunakên dhatêng tanah Sabrang wiwit wulan April dumugi Juli 1937 punika wontên 78.050 ton. Ing taun kêpêngkêr pêpetangan makatên wontên 31.171 ton. Dados indhakipun langkung kathah.

Malsu nomêr lotrij. Kantor Escompto ing Bêtawi mêntas kêdhatêngan bangsa Tionghwa badhe nglintokakên lotrij ingkang angsal pamênang f 500.-, dhawah nomêr 19229. Nanging sarêng kapriksa nomêripun 9 ingkang wêkasan punika ewah-ewahan saking nomêr 0. Sarêng bab punika dipun titipriksa, tiyang wau ngakên bilih lotrij wau asli kintunan saking kuwanuhanipun ing Palembang, kakintunakên sarana aangeteekend, supados kacadhongakên.

NAGARI WALANDI

Prins Bernhard. Kawartosakên, benjing tanggal 2 tuwin tanggal 8 Sèptèmbêr ngajêng punika, Prins Bernhard badhe ajumênêngianjumênêngi. ajar-ajaran baris kapalan. Kajawi punika, miturut wartos, panjênênganipun badhe kajumênêngakên kaptin mriyêman kapalan ing Arnhem.

Lampah anggêgana saking nagari Walandi dhatêng tanah ngriki. Miturut wartos, wiwit benjing tanggal 1 October ngajêng punika, K.L.M. badhe ngawontênakên lampah anggêgana saking nagari Walandi dhatêng tanah ngriki ing dalêm saminggu tigang rambahan. Bidhalipun katêtêpakên sabên dintên Salasa, Kêmis tuwin Sabtu. Tumrap ingkang bidhal saking tanah ngriki ingkang kawitan wontên tanggal 9 October.

EROPA

Inggris tuwin Prancis nutup margi. Miturut wartos, parentah Prancis sampun suka sumêrêp dhatêng Inggris, bilih sapunika Prancis botên anampèni rakyat Sêpanyol ingkang ngungsi dhatêng laladanipun. Dumuginipun sapunika rakyat Sêpanyol ingkang wontên ing Prancis 45.000. Tumrap Inggris inggih lajêng suka kabar dhatêng pakaryan-pakaryan layaran, wiwit sapunika ugi botên purun nampèni têtiyang ingkang badhe numpak ing golongan punika.

ASIA

Lindhu ing Manilla. Ing Manilla mêntas wontên lindhu ingkang kêgolong agêng, adamêl pêjahing urubipun lêstrik, punapadene damêl kadhêging tilpun, jandhela-jandhela kaca sami pêcah. Têtiyang ingkang nuju wontên ing papan karamean sami sumingkir. Lindu punika kapetang ingkang agêng piyambak ing salêbêtipun 40 taun kapêngkêr. Ing wanci sontên kathah tiyang ingkang sami wontên ing margi agêng, jalaran sami ajrih mantuk dhatêng griyanipun.

--- 1071 ---

Wêwaosan

Kramanipun Prabu Wladhimir

6

Dhune lajêng ngêdêgakên sêsupe wontên ing sanginggiling mastakanipun sang putri, masang lading ing sawingkingipun sêsupe, saha nuntên mundur gangsal atus pêcak, sarta lajêng nyandhak gandhewanipun. Ing ngriku Dhune lajêng nglêpasakên jêmparingipun ingkang kapisan, nanging dhawahing jêmparing anglangkungi têbih sangêt. Jêmparing ingkang kaping kalih lajêng kalêpasakên, nanging cupêt. Ing wusana lajêng nglêpasakên jêmparing ingkang pungkasan, nanging inggih mêksa botên angsal damêl, dhawahing jêmparing têbih saking punapa ingkang dipun sêjakakên.

Sadaya pangeran, satriya tuwin prajurit sami gumujêng, dalasan para panakawan kraton ingkang kala punika sami ningali saking katêbihan, ugi lajêng sami gumujêng kêkêl. Sintên ingkang dipun sawang dening Dhune, punika katingalipun lajêng kadosdene ngerang-erang dhatêng piyambakipun. Salaminipun gêsang Dhune punika satunggiling satriya ingkang sampun kasuwur mênggahing kaprawiranipun, dèrèng nate rumaos ina lan asor kadosdene ing dintên punika, langkung malih têka ingkang adamêl ina tuwin asoripun wau, satunggiling wanita ingkang ing salêbêting pêrang tandhing kalihan Dhune kasoran jurit tuwin ngantos lajêng dados momonganipun. Ngèngêti ingkang makatên wau, nêpsunipun Dhune tanpa upami. Ing wusana Dhune ujug-ujug lajêng mêndhêt jêmparing satunggal malih saking bumbung, sarta lajêng wicantên makatên: He, panah, rungokna kang dadi uniku iki, aku anjaluk tulung nyang kowe, walêsna kasoranku kiyi. Kowe taklêpasake saka gandhewa, aja pisan-pisan kowe ngênani banyu utawa ibu prêtiwi, nanging tumancêba ana ing jajaning garwaku, Dèwi Natasiyah.

Sarêng pramèswari nata, Dèwi Aprasiyah mirêng cariyosipun Dhune ingkang makatên punika, enggal-enggal lajêng anyêlaki, saha kanthi tawan-tawan tangis nuntên angandika makatên: O, kakang Dhune, kula aturi èngêt, bilih sadaya punika namung gêgujêngan kemawon, mugi sampun lajêng katampi lêbêt. Jêmparing panjênêngan kula aturi madhahi malih, lan sumôngga samangke kondur kemawon dhatêng kadhaton.

Nanging pun Dhune babarpisan botên mirêngakên dhawuh pangandikanipun sang pramèswari, inggih sêsêmbahanipun piyambak.

Dene mênggahing Dèwi Natasiyah, satunggiling prajurit wanita ingkang sampun kawêntar mênggahing kaprawiranipun, sarta ingkang dèrèng nate kalindhih juritipun. Kajawi dening ingkang raka piyambak, ing kala punika sarêng uninga jêmparing ingkang kaêlèsakên ing sariranipun, ajrihipun kagila-gila.

Sang putri lajêng enggal-enggal ngrungkêbi sukunipun Dhune, sarta kalayan adus êluh lajêng ngarih-arih ingkang raka makatên:

Dhuh, guru lakiku, ngapuranên tindakku kang kurang duga prayoga iki. Aku wis rumasa, yèn aku iki mula wong bodho sarta tanpa tata. Jalaran saka iku tak pindhoni panuwunku, ngapuranên kabodhoanku iki. Tak aturi sabar nganti tumêkane ing dina sesuk, aku duwe kapitayan, yèn ing dina sesuk panggalihmu mêsthi beda karo saiki. Tak èngêtake manèh, anggone tansah luput panjêmparingmu iku ora marga saka kurang titis, nanging jalaran saka dayaning inuman kêras. O, guru lakiku, tak aturi èngêt, yèn nganti panjênêngan mrêjaya nyang aku, apa ora kêduwung ing têmbe burine.

Nanging Dhune botên mirêngakên babarpisan dhatêng pamuwunipun sang putri, malah ing sêmu saya ajaja bang mawinga-winga. Manahipun kapengin badhe nyedani sang putri, dene sampun angasorakên dhatêng sariranipun wontên ing ngajênging tiyang kathah, saya botên kenging dipun ampah malih. Dalasan gênging katrêsnanipun dhatêng sang putri, ing kala punika kadosdene sampun ical babarpisan.

Ing wusana para pangeran, mantri bupati tuwin para prajurit sadaya sami anyakêti Dhune, saha sami angrimuk supados sampun kalajêng-lajêngakên anggènipun nêdya nuruti hawa nêpsunipun wau. Nanging niyatipun Dhune nêdya nyedani sang putri wau botên lajêng kêndho, malah lajêng kadosdene dipun sêngkakakên. Jêmparing lajêng kapasangakên ing gandhewa, saha lajêng kalêpasakên dhatêng jajanipun sang dèwi. Tanpa sambat Dèwi Natasiyah dhawah ing siti, kalayan adus êrah.

Sarêng Dhune sumêrêp ingkang garwa dhawah ing siti sarta adus êrah, ing sakala punika lajêng èngêt ing purwa duksinanipun. Piyambakipun enggal-enggal amurugi, nyandhak astanipun sang putri nêdya kajunjung. Nanging ing kala punika sang putri sampun seda, sarta tindakipun Dhune ingkang sakalangkung têgêl wau, sampun botên kenging dipun dandosi malih. Kalayan kamitênggêngên Dhune ngêmungakên nyawang dhatêng ingkang garwa kemawon, kadosdene gadhah pangajêng-ajêng, bilih sang putri sagêd wungu malih. Sarêng sampun tita bilih ingkang garwa punika seda saèstu, ing sêmu Dhune lajêng kadosdene botên anggadhahi daya malih, saking gênging kêduwungipun. Ing wusana lajêng kawêdal têmbungipun makatên:

Ing sarèhne garwaku wis kapundhut dening ibu pratiwi, aku êmoh kèri, sarta nêdya anglabuhi garwaku mau.

--- 1072 ---

Dhune lajêng ngunus pêdhangipun ingkang lajêng kasudukakên ing sariranipun, ing sanalika punika piyambakipun dhawah tiwas ing siti, anjèjèri ingkang garwa.

Miturut dêdongènganipun, papan ingkang kadhawahan ing mastakanipun sang putri wau, lajêng tuwuh tuk sirahing lèpèn alit, ingkang lajêng dipun namakakên: lèpèn Natasyah, dene papan ingkang dipun dhawahi sirahipun Dhune, ugi lajêng tuwuh tuk sirahing lèpèn, inggih punika lèpèn: Dhona, agêng-agênging lèpèn ing tanah Ruslan sisih wetan. Ing sakawit ilining lèpèn kalih wau pêpisahan, nanging botên watawis têbih lajêng kêmpal dados satunggal, saha dados lèpèn ingkang agêng. Kajawi punika ing papan sedanipun Dèwi Natasiyah tuwin ingkang raka wau, lajêng kêtuwuhan wit cêmara kalih, ingkang godhongipun ing nginggil angrêmbuyung pêpulêtan dados satunggal.

Dumugining samangke lare-lare alit ingkang sami dêdolanan wontên ing ngriku, jalaran saking ayoming panggenan, sumêrêpipun namung sami sênêng kemawon. Para mudha ingkang sami langkung ing ngriku, ingkang kathah têmtu gumun ningali kawontênanipun wit kalih ingkang agêng-agêng saha ngrêmbuyung godhongipun wau. Dene tumrapipun para sêpuh, ingkang mirêng dêdongènganipun Dhune tuwin Dèwi Natasiyah wau limrahipun lajêng sami wêlas asih, saha karaos-raos manahipun, sarta lajêng sami angèngêtakên dhatêng para wanita mudha, sampun gampil mêmancahi rêmbagipun ingkang jalêr.

II. Lêlampahanipun Dhobrinya

1. Nalika Dhobrinya taksih lare

Ing kitha Kiyèf, ing gumuk sapinggiring lèpèn: Nyèpêr, wontên griya agêng, ingkang dipun ênggèni warandhaning satriya. Warôndha wau nama: Apimyah, dene suwargi ingkang raka nama: Nikita. Anggènipun jêjodhoan tiyang kalih punika botên dangu, namung wontên kalih taunan. Sawêg nêdhêng-nêdhênging sami sih-sinihan wau, ing satunggiling dintên pun Nikita kesah ambêbujêng, dumadakan wontên ing papan ingkang sêpên, Nikita dipun jêmparing ing tiyang saking wingking, ingkang ngengingi gêgêripun. Sanalika punika Nikita dhawah ing siti sarta lajêng tiwas.

Wiwit punika warôndha mudha wau, prasasat lajêng botên nate mêdal ing jawi, lan botên purun semah malih, sêdyanipun namung badhe momong putranipun jalêr satunggal, inggih punika ingkang nama: Dhobrinya.

Mênggah ingkang dados ingdham-idhamanipunidham-idhamanipun. Dèwi Apimyah, supados putranipun ing têmbe, botên ngêmungakên dados satriya ingkang prawira saha wasis mênggahing ulah dêdamêl kemawon, nanging ugi sagêda dados tiyang luhur bêbudènipun, jêmbar wawasanipun sarta sugih kawruh. Amila wiwit alit, mangsanipun lare-lare sanès sami dolanan utawi têtêgaran numpak kapal, putranipun wau malah kapurih sinau. Ing sarèhning ingkang ibu punika kacêkapan, inggih sagêd mragadi putranipun sinau kawruh warni-warni, sarta ugi sagêd andhatêngakên guru pintên-pintên ingkang kapintêranipun sampun kawêntar ing saindênging praja Ruslan. Botên ngêmungakên tiyang bôngsa satunggal kemawon ingkang suka wulangan dhatêng Dhobrinya, nanging tiyang mawarni-warni bôngsa, awit mênggah panggalihanipun ingkang ibu satunggal-satunggaling bôngsa punika anggadhahi kaprigêlan utawi kapintêran piyambak-piyambak. Lan murih tiyang punika sagêda sampurna kawruhipun, sasagêd-sagêd inggih kêdah ngangsu kawruh dhatêng bôngsa warni-warni, jalaran saking punika Dèwi Apimyah andhatêngakên guru bôngsa Yunani, ingkang suka wulangan ing bab agami. Tiyang bôngsa Nur, ingkang damêlipun lêlana dhatêng ing nagari pundi-pundi, punika dipun wajibakên suka sêsêrêpan kawontênanipun ing môncapraja. Tiyang bôngsa Rus, saking kitha: Nopgorod, inggih punika kitha padununganipun para sudagar sugih, kapasrahan mulang: ngungêlakên calêmpung, ngrumpaka têmbang kina, lêlampahanipun para satriya ing jaman kina ingkang sami kêndêl-kêndêl tuwin prawira, lampahipun among dagang, lan sasaminipun. Kajawi punika taksih wontên guru sanès-sanèsipun malih, ingkang kajibah mulang kawruh warni-warni, ingkang dados kabêtahanipun satriya ingkang utama.

Ewasamantên Dèwi Apimyah mêksa inggih botên supe, mulangakên putranipun dhatêng tatananing pêrang, sabab panjênênganipun anguningani, bilih satunggiling satriya punika kêdah limpat dhatêng ulah pêrang, sarta botên badhe sagêd ngawula nata, manawi kasagêdanipun punika ngêmungakên ngompak, nanging manawi wontên baya pakèwêd lajêng kaplajêng. Inggih punika baya pakèwêd ingkang awujud mêngsah, badhe anggêpuk praja Ruslan. Ngêmungakên tiyang ingkang wani ngêtohakên nyawanipun minôngka kangge ambelani bôngsa tuwin tanah wutahrahipun, ingkang pantês kawastanan satriya sêjati.

Makatên mênggah pamanggihipun Dèwi Apimyah tumrap ing putranipun wau. Ingkang dados idham-idhamanipun, sagêda putranipun ing têmbe dados satriya ingkang kêndêl ing jurit tuwin prawira bêbudènipun, ingkang sasampunipun pêjah taksih dados pangèngêt-èngêtipun tiyang saindênging praja. Jalaran saking punika amila Dhobrinya angsal guru-guru, ingkang sagêd mulang ing bab ulah turôngga, punapadene ulah dêdamêl.

Badhe kasambêtan.

--- 129 ---

Nomêr 33, Taun II.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam. Kawêdalakên sabên Rêbo.

Kawontênanipun nagari Magêlang

Ing Kajawèn nomêr 54, tanggal 7-7-'37, bagean Jagading Wanita, wontên wêdhar sabdanipun juru pangripta, bilih sasagêd-sagêd para sadhèrèk supados ngrakêtakên anggènipun sami sadherekan, sarana nyriyosakên kawontênanipun kitha padununganipun piyambak-piyambak. Ingkang makatên wau rèhning wêkdal sapunika kula kalêrês manggèn ing dhusun, dados kula botên sagêd nyariyosakên kawontênanipun papan padunungan kula ing wêkdal sapunika, jêr kawontênanipun ing dhusun punika namung sarwa sêpi. Tujunipun rumiyin kula sampun nate dêdunung wontên ing kitha, najan alit, namung ragi rame, inggih punika ing kitha Magêlang.

Nalika kula wontên ing ngriku, èngêt-èngêtan ing taun wolulasan, wêkdal samantên kawontênanipun kitha dèrèng rêja kados sapunika, ewadene manawi dipun tandhing kalihan kitha sanès-sanèsipun sasumêrêp kula, sampun kalêbêt onjo, inggih punika kathahipun sadhèrèk wanita ingkang sampun sami majêng ngrumiyini tinimbang sanès-sanèsipun panggenan. Wêkdal samantên kamajênganipun sampun sagêd ngêsuk golongan priya, inggih punika nitik kathahipun sadhèrèk wanita ingkang sami ngasta padamêlan wontên ing krèdhit bang, sasumêrêp kula ingkang kathah punggawanipun sami wanita, malah wontên pangkat bêhirstêr.

Botên namung samantên kemawon kamajênganipun wanita ing Magêlang, malah ing wêkdal samantên, èngêt-èngêtan ugi sampun sagêd damêl pakêmpalan kanamakakên: Jaya Wanita. Manawi nuju pakêmpalan ugi asring ngulêmi golongan priya saking Osvia. Manawi nuju wontên kêramean, kados ta: pasar malêm utawi balapan kapal ing Tidhar, sagêd damêl warung mawi dipun sadhiyani meja bolah kados sacaranipun susitit Walandi, tur ingkang ngladosi sadaya golongan wanita ingkang sampun inggil-inggil pasinaonipun. Kajawi punika taksih kathah malih sanès-sanèsipun, upami kula aturna bokmanawi Jagading Wanita botên wontên papanipun, sabab sêmunipun kamajênganipun para wanita ing ngriku, kala samantên botên kèndêl wontên ing salêbêting kitha kemawon, [ke...]

--- [130] ---

[...mawon,] malah nglonjok ngantos dumugi sajawining kitha, kados ta ing Têmanggung, ambak kitha dhusun, kadayan saking kamajênganipun para sadhèrèk wanita ing Magêlang, ugi kathah kamajênganipun para wanita ing kitha ngriku, kados ta sinau nabuh dalah gerongipun, malah sampun nate adamêl têtingalan tonil, ingkang dados sadaya putri, tur garwa utawi putrinipun para priyantun sadaya, èngêt-èngêtan wêkdal samantên lampahanipun: Cêmporèt. Dene kathahipun para mriksani, ngantos kirang papan. Tamu saking Magêlang lan Ngayogya tanpa wicalan kathahipun, môngka wêkdal samantên margi saking Magêlang dumugi Têmanggung dèrèng sae kados sapunika.

Dados kamajênganipun sadhèrèk wanita Magêlang punika, botên sapunika kemawon, ugi sampun wiwit rumiyin mila.

Landêp

Bab Krècèk

Para maos kintên-kintên sampun sami midhangêt têmbung: krècèk. Inggih punika namaning satunggaling lawuhan ingkang eca, bangsanipun krupuk.

Krècèk punika ingkang dipun damêl wacucal lêmbu utawi maesa, mila inggih sampun layak manawi eca. Krècèk punika kalêbêt lawuhan ingkang pèni. Limrahipun namung kangge padintênanipun para priyantun, utawi kangge lawuhan manawi sawêg gadhah damêl mantu, sunatan lan sapanunggilanipun.

Ing ngriki kula badhe ngandharakên kadospundi caranipun damêl krècèk, jêr eman sangêt yèn ta sêsêrêpan bab punika lajêng ical, dipun panggih bôngsa sanès. Punapa malih pangraos kula krècèk punika kenging kangge dagangan agêng, awit botên sagêd mambêt, kenging kasimpên ngantos têtaunan.

Ingkang kenging kangge damêl krècèk punika wacucal têlês saha garing, nanging ingkang botên bosok. Wacucal maesa ingkang sampun uwal kalihan dagingipun salêmbar, punika dipun iris dados nêm, lajêng dipun jarangi. Patrapipun makatên: kula aturi ngobori toya ing kwali agêng. Kathahipun kakintên-kintên sagêd ngacaki wacucalipun. Manawi sampun mangêt-mangêt, wacucal kacêmplungakên, nanging kêdah dipun udhêg lajêngan kemawon, prêlunipun supados botên kakên. Sakêdhap-sakêdhap kêdah dipun tuwèni, kulitipun ayam sampun gampil dipun klocop punapa dèrèng. Anggènipun nuwèni gampil lan botênipun kaklocop ngangge driji panuduh, panunggul saha jêmpol. Yèn wacucal sadaya wau sampun gampil dipun klonyom kulitipun ayam, lajêng kaêntas. Nuntên wiwit dipun kêrok wulunipun. Pirantosipun ngêrok lading ingkang landhêp kalihan dêbog ingkang ngangge pantèk. Dêbog punika kasèndhèkakên ing dhingklik utawi sanèsipun. Wacucal jarangan wau kabolong, kacanthèlakên ing pantèk ingkang wontên ing dêbog wau. Tangan têngên nyêpêngi garan lading, tangan kiwa nyêpêngi pucukipun, lajêng kakêrokakên, wulunipun têmtu ical sakulitipun ayam pisan. Wacucalipun dados pêthak. Sasampunipun makatên, lajêng dipun irisi [iri...]

--- [131] ---

[...si] watawis sadhèsi mètêr wiyaripun.

Manawi wacucal wau sampun kakêrok lan sampun dipun irisi sadaya, lajêng kagodhog ngantos matêng. Latunipun ingkang ajêg, dangunipun botên têmtu. Manawi wacucal maesa ênèm 5 jam sampun matêng, nanging manawi sêpuh ngantos jam utawi langkung. Wondene têngêranipun matêng manawi warninipun sampun malih abrit nyawo matêng, kapênyèt sampun êmpuk gênjur-gênjur, wujudipun katingal kiyal. Nanging sampun ngantonngantos. lonyoh, awit yèn makatên angèl pangrajangipun. Sasampunipun kaêntas, dipun siram toya asrêp, nuntên kaêlèr ngantos asrêp. Lajêng wiwit ngrajang ngantos dados alit-alit. Pirantosipun nama: rênggês. Wujudipun mèmpêr kacip, nanging ladingipun kenging kacopot, sarta têlênanipun namung papah klapa kemawon, sanès tosan.

Manawi sampun dados rajangan lajêng kaêpe ing anjang-anjang. Nanging yèn plikêt kêdah dipun lisahi rumiyin. Yèn sampun garing kenging kasade dhatêng pundi-pundi, botên sagêd bosok.

Sarèhning ngêlèti wacucal punika asring botên rêsik, mila ing sisih nglêbêting wacucal adhakan katutan daging saha klombrot, punika sadèrèngipun karajang kêdah dipun kêrok, kapiyambakakên, punika nama: rambak, langkung eca tinimbang krècèk.

Pn.

Bab Dhêdhaharan

Sus gorèng

Anggodhoga toya 1 gêlas, mêrtega 3 sendhok dhahar, tuwin sarêm sapucuking sendhok tèh. Panggodhogipun toya dipun satakên sawatawis, lajêng dipun cêmplungi glêpung gandum 1 gêlas munjung, têrus kaudhêg sampun ngantos kèndêl-kèndêl supados botên mrêngkêl. Sasampunipun dados jênang, lajêng kaêntas, kawolak-walik ngantos asrêp. Manawi sampun asrêp lajêng kaparingan jênening tigan ayam 3, lajêng dipun udhêg ingkang waradin. Sasampunipun lajêng kagorèng saking 1 sendhok dhahar. Latunipun ingkang cêkapan, awit manawi kagêngên ing nglêbêtipun mêntah. Pandhaharipun katutulakên bubukan gêndhis pasir.

Ontbijtkoek

Tigan ayam iji, gêndhis arèn ingkang sampun kasisir sacangkir tèh (mangkok) munjung, lajêng kaublêk ngantos uwat, sasampunipun kaparingan galêpung gandum 18 sendhok dhahar munjung. Anggènipun nyampur gandumipun pangudhêgipun sampun ngantos kasêron, namung kambang-kambang (alon-alon), manawi badhe kaêpan kaparingana bumbu: bubukan manis jangan sendhok tèh, bubukan cêngkèh sendhok tèh, parudan jêram purut (wangi) 1 sendhok dhahar. Sasampunipun kadèkèk ing loyang lèngsèr) lajêng kaêpan. Pandhaharipun dipun irisi.

Êndhog mimi

Mênir wos ingkang nomêr 1 sawijikan, kapususan rêsik, lajêng kaêkum watawis 2 jam dangunipun. Lajêng kapususan malih, kaêtus, lajêng kaêdang. Manawi sampun kêkêl, kakaru mawi godhogan gêndhis pasir sacêkapipun. Sasampunipun lajêng kaêlèr ing loyang lèngsèr), kandêlipun kirang [ki...]

--- [132] ---

[...rang] langkung 1 cm., lajêng kaêdang malih. Manawi sampun matêng kaêntas kaasrêpakên. Lajêng dipun irisi kados pangirisipun kuwih lapis, ananging alit-alit.

Pandhaharipun mawi parudan kalapa kasinggat, lan ingkang sampun dipun sarêmi.

Kula pun: Partini, Têmpuran.

Kasêtyaning Wanita

Ingkang dipun wastani kasêtyaning wanita punika tumraping bôngsa Jawi tamtu sampun botên kêkilapan, malah manawi dipun pêndhêtakên saking têtuladan kina, wontênipun ngantos ngewak-ewakakên, amargi sampun botên cocog kalihan jamanipun sapunika. Ingkang dipun wastani ngewak-ewakakên wau, botên sanès, jalaran dununging unggul saksat namung pinanggih wontên ing golongan kakung. Kados sanadyan botên dipun pratelakna, tumraping para maos inggih sampun sagêd anggagapi piyambak.

[Grafik]

Dangu-dangu jamanipun lajêng ewah, kenging dipun wastani bilih jalêr èstri punika pinanggih sami-sami, tuwin inggih nyata kados ing jaman sapunika.

Manawi ngèngêti kawontênan ingkang sampun-sampun, tuwin ing sapunika, kados-kados gêsanging tiyang jêjodhoan, ingkang umumipun kenging dipun wastani jalêr èstri, ugi sampun nama ngênggèni caraning gotong-royong, namung kaot wontên ingkang katingal utawi botên.

Pêpiridan makatên wau lajêng lèrèg bilih raosing gêsang wontên ing jaman rame punika, akajêng dados bêtahing sadayanipun, punika sampun kinodrat botên sagêd oncat. Mila ugi nama botên anèh bilih jalêr èstri punika ebahipun sêsarêngan, dening nunggil kabêtahan.

Kados tiyang wanan ing Kalahari, Kaapstad, Aprikah sisih kidul ingkang kacêtha ing gambar, punika satunggiling wanita ingkang anduwa dhatêng tatanan ngawisi tiyang ambêbêdhag, wosing kajêngipun anyamarakên manawi ngantos andadosakên kiranging têdhanipun. Anggèning sowan dhatêng ngarsanipun ingkang wajib kanthi ambêkta anakipun.

Ing ngriku katingal ing bab raosing gêsang gotong-royong tuwin raosing gêsang ingkang sumrambah, sanadyan tiyang wanan botên wontên bedanipun.

--- [1089] ---

Ôngka 69, Stu Kli, 21 Jumadilakir Ehe 1868, 28 Agustus 1937, Taun XII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

Babad Giyanti

Miturut babon ingkang sumimpên ing Kon. Bat. Gen.v.K.en W.

Sarisakipun karaton Kartasura ingkang jumênêng nata Sinuhun Pakubuwana II lajêng yasa karaton enggal ing dhusun Sala. Nagari kasantunan nama Surakarta Adiningrat. Sang nata dèrèng dangu anggènipun ngadhaton ing Surakarta lajêng pasulayan kalihan ingkang rayi Pangeran Mangkubumi. Wusana anjalari pêrang ngantos pintên-pintên taun, inggih punika pêrangipun wadyabala Surakarta kabiyantu prajurit Kumpêni mêngsah kalihan para prajurit ingkang sami ngrencangi Pangeran Mangkubumi. Pêrangipun gêntos unggul lan gêntos kalindhih, sarta kanthi ngolah-ngalih panggenan. Dangu botên wontên ingkang mênang tuwin ngawon, pungkasanipun ingkang sami mêmêngsahan lajêng bêdhamèn. Miturut bêdhamèn wau nagari kapalih dados kalih bagean. Ingkang sabagean inggih punika nagari Surakarta dados kagunganipun nata ing Surakarta Sinuhun Pakubuwana III, ingkang anggêntosi ingkang rama nalika taksih wontên pêrang, amargi ingkang rama Sinuhun Pakubuwana II seda nalika taksih wontên pêrang wau. Dene ingkang sabagean malih inggih punika nagari Ngayogyakarta dados kagunganipun Pangeran Mangkubumi ingkang lajêng madêg nata jêjuluk Sultan Hamêngkubuwana.

Sanajan botên kapratelakakên, para maos têmtunipun sampun sami priksa, bilih babad Surakarta ingkang katêlah dipun wastani Babad Giyanti punika pantês sarta inggih sampun samêsthinipun dados waosanipun tiyang Jawi. Botên namung tiyang Jawi ing nagari Surakarta lan ing Ngayogyakarta kemawon, nanging para tiyang Jawi ing laladan sanès-sanèsipun inggih prêlu maos babad wau. Awit punika atêgês kangge nyumêrêpi lan ngèngêt-èngêt babading tanahipun piyambak lan atêgês kangge nyumêrêpi lêlampahanipun para lêluhur Jawi ingkang sami tumut andon yuda nglabêti sinuhun ing Surakarta utawi Pangeran Mangkubumi kasêbut ing nginggil wau. Amargi pêpêrangan ingkang kacariyosakên ing babad Giyanti punika jêmbar têbanipun, botên namung ing salêbêtipun laladan nagari Surakarta lan Ngayogyakarta kemawon, nanging ngloncok dumugi laladan sakiwatêngênipun nagari kalih wau, sarta ingkang sami tumut andon jurit ugi botên ngêmungakên tiyang ing nagari Surakarta lan Ngayogyakarta kemawon.

Kajawi punika, babad Giyanti punika ugi andongèngi, liripun nyariyosakên pêpêrangan, lêlampahan, lan kawontênan warni-warni, ingkang pantês dipun waos kangge nyênêngakên manah. Jalaran ingkang andhapuk pujôngga agêng ingkang sampun misuwur, inggih punika suwargi Tumênggung Yasadipura, ing Surakarta. Basa tuwin othak-athiking cariyos runtut lan sarwa nêngsêmakên.

Babad Giyanti ingkang kawêdalakên dhatêng Bale Pustaka punika ngantos satamatipun, sarta murih ènthèngipun ingkang sami mundhut, kawêdalakên dados pintên-pintên jilid. Samangke sampun kenging wêling ingkang jilid: 1 -7, a f 0.50.

--- [1073] ---

Ôngka 69, Stu Kli, 21 Jumadilakir Ehe 1868, 28 Agustus 1937, Taun XII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining Kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Sri Bagendha Maharaja Putri Wilhèlminah - Kabangsan ing Papuah - Kawontênan ing Tiongkok - Pawartos saking Pakaryan Pos - Bab Sêsakit Edaning Sêgawon - Toko Pakaryan Surakarta - Jambore ing Nagari Walandi - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Sri Bagendha Maharaja Putri Wilhèlminah

[Grafik]

Ing dintên Salasa tanggal 31 Agustus 1937 punika, kalêrês dintên wiyosan dalêm Sri Bagendha Maharaja Putri Wilhèlminah, têtêp yuswa 57 taun. Ingkang punika, ing pamuji, mugi Sri Bagendha Maharaja Putri pinanjangna ing yuswa, sampun kirang satunggal punika.

--- 1074 ---

Tanah dalah Tiyangipun

Kabangsan ing Papuah.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 67.

Ing salêbêtipun kabangsan Marin taksih kaperang dados 27 golongan, alit-alit, nama-namanipun miturut namanipun sêsêpuh ingkang nurunakên utawi namaning papan padununganipun, inggih punika: 1. Saringe, 2. Goce, 3. Urum, 4. Dhotce, 5. Atih, 6. Onamce, 7. Wandhês, 8. Bès, 9. Samrauk, 10. Tumid, 11. Sanim, 12. Aboi, 13. Apai, 14. Adkahce, 15. Dhimarce, 16. Gapur, 17. Sawab, 18. Kambarah, 19. Senam, 20. Badhê, 21. Saror, 22. Kupêr, 23. Pim, 24. Kesrauk, 25. Yao, 26. Kondho, tuwin 27. Ikam.

[Grafik]

Têtiyang Papuah nuju ngawontênakên wilujêngan.

2. Bôngsa Dhigul

Wontên satunggaling bôngsa, manggèn saurutipun lèpèn Dhigul. Têtiyang Marin amastani: bôngsa Dhigul. Cacah jiwanipun namung sakêdhik sangêt.

3. Bôngsa Kanum

Ing sawatawis panggenan sakidul kilènipun banawi Maro, dipun ênggèni sawênèhing bôngsa, padhusunanipun pêncar, nanging cacah jiwanipun kalêbêt kathah, gêsangipun têntrêm, tiyang Marin mastani: bôngsa Kanum (Kanoem-anim).

Wontên malih garombolan kabangsan alit, miturut kawontênanipun botên sanès momoring pêthalanipun bôngsa Marin kalihan bôngsa Kanum, nanging têtiyang Marin mastani dhatêng golongan alit punika bôngsa Mangat.

--- 1075 ---

4. Bôngsa Jaubi

Dèrèng sagêd katiti pariksa cacah jiwa lan sipating kabangsanipun, amargi papan padununganipun botên têtêp, pindhah-pindhah ngêtut pikantukipun papaning têtanèn.

[Iklan]

5. Bôngsa Najab

Ugi botên sagêd katêrangakên, sababipun botên beda kados bôngsa Jaubi.

6. Bôngsa Makli

Namung sagêd katêrangakên pamanggènipun wontên sakiwa têngênipun lèpèn Maokle (Makli), ing pasitèn-pasitèn ingkang êloh, cacah jiwanipun ugi sakêdhik sangêt.

7. Bôngsa Jae

Manut pakêcapanipun tiyang wanan ngriku, limrahipun: Jait. Papanipun pindhah-pindhah manut pikantuking têdha.

Inggih bôngsa Jait punika ingkang taksih tulèn tiyang wanan, botên namung doyan nêdha daging kewan mêntahan kemawon, malah sêngaja ngupados mêmangsan sasamining tiyang, sasampunipun pinêjahan, dagingipun dipun têdha sakônca.

Katêrangan. Têmbung-têmbung ingkang kangge mastani bôngsa-bôngsa ing nginggil punika miturut basanipun bôngsa Marin, amargi Marin punika ingkang sampun tata piyambak.

S. Sudirja.

--- 1076 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Tiongkok

Ing bab pasulayanipun Tiongkok kalihan Jêpan ing wêkdal punika pinanggihipun sarwa mrojol saking pangintên. Mirid lêlampahan ingkang sampun-sampun, Tiongkok punika namung tansah kasoran kalihan Jêpan, tôndha yêktinipun kathah laladan Tiongkok ingkang kalêbêt dados jajahan Jêpan, ingkang pikantukipun botên sanès jalaran saking unggulipun daya Jêpan.

Nanging pinanggihipun ing sapunika, tandangipun Tiongkok pinanggih beda sangêt kalihan ingkang sampun, botên kenging dipun angge sêmbrana. Kajawi tandanging prajurit sarwa sae, dêdamêlipun inggih sarwa mitadosi, malah tumraping motor mabur pinanggihipun ngungkuli motor mabur Jêpan, amargi mênang enggal gagragipun, makatên ugi mênang langkung kathah. Mila sawarnining tandangipun Tiongkok namung sarwa damêl gawok.

Kados ingkang mêntas pinanggih ing Soko, wadya Tiongkok sagêd ngundurakên wadya Jêpan saking laladaning wêwêngkonipun nagari môncapraja. Kintên-kintên wontên motor mabur Jêpan cacah 30 ingkang dhawah dipun sanjata dening wadya Tiongkok ing salêbêtipun kalih dintên. Malah wadya mriyêman Tiongkok sagêd nêmpuh wadya barisaning mêngsah ing wêwêngkon Hongke, nanging barisaning paprangan ing Syanghai têtêp botên sagêd ewah.

Wadya gêgana Jêpan gêntos nêmpuh kitha Kiyangkin, kaprênah ing sungapanipun lèpèn Yangce. Cacahing motor mabur ingkang nêmpuh ing ngriku wontên 11, kanthi andhawahi bom mawa gas racun. Tindak panêmpuh mawa gas racun punika sakalangkung ambêbayani.

Pancèn nyata sawarnining tindakipun tiyang mêmêngsahan punika sarwa ngêtog kanêpson, pundi ingkang kasoran, pamalêsipun gêntos sumêngit, mila tandanging para senapati Tiongkok ing paprangan kados sampun liwung, botên kenging dipun pênggak malih. Jendral Sang Si Sung pangigit-igitipun dhatêng mêngsah botên kadosa, pangajêng-ajêngipun manawi sagêt ngundurakên mêngsah saking Soko, kêdah lajêng sèlèh dêdamêl, manawi lumuh anglampahi badhe têrus dipun ubêr. Nanging kawontênanipun wadya Jêpan ing laladan lèr katingal têntrêm kemawon. Dene ingkang dipun samarakên dening wadya Jêpan, punika panêmpuhing wadya pilihan ingkang pêng-pêngan tuwin tansah angsal bêbantu ingkang dhatêngipun lumintu, manawi kalampahan sagêd ngèrêmakên kapal pêrang Jêpan ingkang labuh ing lèpèn, punika ambêbayani sangêt tumraping Jêpan.

Ingar-ingêripun Jêpan anggèning badhe nêmpuh mêngsah botên kêkirangan, inggih punika angadani nêmpuh barisan ing Nanko, nanging panêmpuhipun wau botên kasêmbadan. Dene kandhêging panêmpuhipun wau jalaran saking kathahing toya ingkang mandhap saking rêdi ngantos adamêl ewahing margi punapadene angêlèbi papan-papan pandhêlikan, malah pinanggihipun angosokwangsul, sandening panêmpuh gêntos nanggulangi panêmpuhing mêngsah ingkang dipun anggêp ngrêridhu.

--- [1077] ---

[Iklan]

Pinanggihipun ing Pèiping, jalaran saking wontên ingkang mêmêngsahan kêpang-kinêpang ing pundi-pundi, lajêng nuwuhakên awis têdha, botên wontên têtêdhan ingkang malêbêt ing ngriku, amargi sêpur-sêpur prêlu kangge ngangkuti wadyabala. Indhaking rêginipun barang têtêdhan ngantos tikêl. Makatên ugi wontênipun arta sampun cumpèn, ing sakawit têtiyang mlarat ingkang sami kêluwèn sami gêgrombolan lumampah urut margi, nanging dangu-dangu kêpêksa lajêng sami oncad saking ngriku.

Ingkang pinanggih sakalangkung rame punika campuhipun ingkang sami pêrangan ing Syanghai, campuhipun langkung sumêngit, latu kêbêsmèn ingkang jalaran paprangan, sunaripun amadhangi pêtênging dalu, para ingkang sami campuh katingal cêtha ing sasolahipun, urubing latu kêbêsmèn saya andados, pugawapunggawa. pômpa botên sagêd tumindak ing damêl, dening dhawahing mimis sanjata tuwin mriyêm kados jawah. Para wadya ngamônca kêpêksa masang tembok karung isi pasir prêlu kangge ngayomi wêwêngkonipun.

Mênggah karisakan ingkang pinanggih ing Syanghai kenging dipun wastani agêng-agêngan, gêdhong agêng-agêng ingkang dumunung wontên ing papan ingkang rame piyambak, wontên gêdhong-gêdhong ingkang waragading pandamêlipun ngantos 5 yuta dholar, kêdhawahan granat ngantos rêmuk bosah-basih. Wah ing ngriku punika papan dununging panggaotan bôngsa Inggris. Kintên-kintên cacahing tiyang ingkang tiwas wontên 250, kêtaton 350. Kala panjêblosing granat wau sakalangkung sora, saindênging kitha ngantos orêg, kaca-kaca jandhela ing sakubênging kitha ngantos laladan 1½ kilomètêr sami rêmuk. Ing ngriku katingal mênggah ramening paprangan ing Tiongkok.

--- 1078 ---

Pawartos saking Pakaryan Pos

Pêpèngêt tumraping umum, ing bab sêrat-sêrat ingkang botên dumugi.

Tumrap têtiyang kintun sêrat tuwin kintunan sanès-sanèsipun ingkang dipun ngalamati cêtha tuwin jangkêp, dipun prangko punapa lêrêsipun, punapa malih mawi dipun dèkèki ngalamatipun ingkang kintun piyambak, punika botên badhe kapitunan, ingkang jalaran sêratipun wau botên dumugi.

Nanging cuwa sangêt, dene panêdhanipun pakaryan pos ingkang namung makatên punika, botên têtêp dipun wigatosakên ing umum.

Sêrat-sêrat ingkang botên jangkêp ngalamatipun, punika kathah sangêt. Sêrat-sêrat ingkang kados makatên punika ugi kathah ingkang sagêd dumugi, nanging limrahipun dumuginipun wau sampun kasèp, tuwin malih amêwahi padamêlanipun pakaryan pos.

Pakaryan pos kêrêp mrangguli pakèwêd-pakèwêd ingkang nglangkungi, jalaran saking bab lampahing sêrat-sêrat wau. Cobi kagaliha ing bab wontêning alamat ing ngandhap punika:

His Excellency Gouv. Goed Postdienst Batavia.

Aan den Heer Dr. Pieterse, Batavia tijdelijk Nederland (Batavia sawatawis dangunipun ing nagari Walandi).

Aan den Heer Jansen, overleden (sampun ngajal) Batavia.

The Director Luchtpost Papier, Buitenzorg.

Ngalamat sêrat ingkang ngandhap piyambak punika sêratan ingkang dipun cap ing sisih nginggil tumrap sêrat pos gêgana, bokmanawi kakintên dening ingkang kintun sêrat, nama wau namaning tiyang ingkang badhe nampèni sêrat wau.

Cobi kagaliha malih tumraping ngalamat ing ngandhap punika:

Aan den Heer Soedah lama pinda, Soerabaja.

Aan den Heer en Mevr. Roemah Kosong, Bandoeng.

Monsieur Kebon Katjang, Batavia.

Kepada toean en njonja jang terhormat toean roemah dari roemah No. 235, Batavia.

Culikan ngalamat ingkang botên jangkêp punika taksih kathah tuwin taksih wontên sêrat-sêrat ingkang ing nglêbêtipun tanpa ngalamat babarpisan. Kawontênan ingkang kados makatên wau tamtu ngeram-eramakên, nanging saya ngeramakên malih manawi nyumêrêpi kathahing sêrat-sêrat bangsanipun kados makatên punika ingkang namung lajêng dipun cêmplungakên ing bis tanpa ngalamat tuwin botên mawi namanipun ingkang kintun. Sêrat ingkang pinanggih kados makatên punika ingkang kathah awarni kartu pos tuwin pos bêlad. Sampun tamtu ingkang kintun sami kapitunan, dening sêrat-sêratipun botên dumugi.

Kajawi punika sêrat-sêrat wau kathah ingkang botên dipun tampèni dening ingkang wajib tampi, amargi prangkonipun kirang. Môngka sêrat ingkang kados makatên wau manawi botên wontên namanipun ingkang kintun, botên sagêd dipun wangsulakên. Wontên malih sêrat ingkang dipun tèmplèki plak sègêl, ingkang lêrêsipun ngangge pos sègêl (prangko).

Kawusananing kintun-kintunan wau, ing sabên wulan kakintunakên saking kantor-kantor pos dhatêng pangagêng pakaryan pos, tuwin wontên ing ngriku lajêng dipun [di...]

--- 1079 ---

[...pun] priksa sadaya. Sêrat-sêratipun lajêng dipun bikaki prêlu badhe nyumêrêpi bokmanawi isi barang-barang ingkang mawa aji, manawi pinanggih makatên, badhe kawangsulakên dhatêng ingkang kintun.

Barang-barang ingkang pinanggih wontên salêbêting sêrat wau warni-warni sangêt, kados ta: arta kêrtas nagari-nagari ngamônca, sêrat tôndha kalairan, èrloji tangan, pilpèn, mêndhali, sêrat pêgat, sêrat gantosan, sêrat paturan, sêrat karampungan, buku, kalawarti, pola-pola barang, sêrat pajêg, badhean cangkriman, sêrat wara-wara, sêrat pèngêtan tuwin sanès-sanèsipun.

Manawi barang-barang wau mawa rêgi utawi ingkang ngintunakên pinanggih, lajêng kakintunakên wangsul. Tumrap sêrat-sêrat ibêr, dipun rêksa sangêt supados botên kawaos ing liyan. Bab pambikaking sêrat wau dipun tindakakên dening punggawa pos ingkang sampun kasandhangan sumpah, badhe anganggêp wados dhatêng sawarnining isinipun, mila bab wados wau katindakakên rêmit sangêt.

Kintunan-kintunan wau, ingkang botên majaji lajêng dipun sirnakakên sadaya. Kalawarti-kalawarti dipun sukakakên dhatêng griya sakit. Barang ingkang majaji dipun sade, inggih punika manawi tiyang ingkang absah anggadhahi botên pinanggih. Pêpajênganipun katur nagari.

[Iklan]

Sanadyan kintunan-kintunan ingkang botên sagêd dumugi wau dèrèng sapintêna manawi dipun timbang kalihan ingkang sagêd katampèkakên, ewasamantên ing sabên wulanipun ingkang dipun sirnakakên wau kirang langkung kalih ewon. Cacah samantên wau nandhakakên bilih ngalamating sêrat punika taksih kirang dipun wigatosakên ing tiyang kathah.

Manawi ngalamating sêrat wau dipun sêrat jangkêp, têrangipun: mawi mratelakakên margi utawi kampungipun tiyang ingkang dipun kintuni, tuwin kapratelakakên nomêring griya, punapa malih prangkonipun jangkêp, saha nama tuwin ngalamatipun ingkang kintun kasêrat wontên ing sêrat wau, sêrat-sêrat utawi kintunan-kintunan wau kenging dipun pasthèkakên tamtu dumuginipun.

--- 1080 ---

Bab Kasarasan

Bab Sêsakit Edaning Sêgawon (hondsdolheid).

Sambêtipun Kajawèn nomêr 68.

Garwanipun Tuwan Pasteur matur: Punapa lêrês wisa sêsakit edaning sêgawon, dipun angge dening dhoktêr Charbonnet kasuntikakên lêngênipun.

Tuwan Pasteur: Iya, ora ana liyane manèh, ya mung iku anane wisa lêlara kuwe.

Ingkang garwa: Punapa wisa wau taksih enggal, punapa sampun dangu anggènipun nôndha, sampeyan rumiyin dhawuh wisa punika kakiyatan utawi dayanipun sagêd ical gumantung enggal laminipun anggènipun ngrimat.

Tuwan Pasteur kagèt anjênggirat, èngêt lajêng enggal lumêbêt ing Laboratorium, andangu dhatêng Dr. Roux: Apa wis ana 14 dina lawase anggonmu ngrumat wisa mau. Tuwan Pasteur andangu makatên punika kalihan ngêpak-êpak pundhakipun Roux, tuwin ngandika: Pancèn wisa iku sabên saya lawas anggone ngrumat, saya kurang mandine. Kang iku uwong utawa kewan kang awake kuwat, iya bisa kalis dening wisa kang wis lawas mau. Yèn mêngkono, saiki kudu bisa gawe serum kanggo nanggulangi lan nyêgah thukuling lêlara mau. Saiki serum kang wis lawas disimpên mau disuntikna marang kewan kang waras, sabanjure sabên dina disuntik, serum kang rada anyar, têrus nganggo serum kang saya anyar nganti serum kang anyar (tulèn) pisan, supaya kewan mau bisa kuwat utawa kalis dening lêlarane edaning asu.

Tuwan Pasteur, Dr. Emil Roux kalihan Dr. Jean Martel nyuntik ngangge serum ingkang sampun 14 dintên dipun tôndha, lan serum ingkang kirang saking 14 dintên majêng-majêng ngantos ngangge serum ingkang langkung enggal, dipun suntikakên dhatêng sêgawon 10 ingkang saras, sarta ing salêbêtipun 14 dintên kemawon Tuwan Pasteur sampun sagêd damêl cathêtanipun suntikan ingkang têlas-têlasan saha angsal-angsalanipun, ingatasing kirik sêgawon nèm, 10 ingkang sami sakit sampun kasuntik rambah-rambah, sagêd sami saras sadaya.

Ing nalika Tuwan Pasteur nyêrat wau wontên kirik 10 dipun culakên lajêng sami ngrubung sukunipun Tuwan Pasteur.

Garwanipun Tuwan Pasteur lumêbêt ing kantoripun saha matur: Wontên tamu dhoktêr namanipun Dr. Pfeiffer klayan nyonyah saha anakipun ingkang sakit badhe pinanggih panjênêngan, kula sampun pratela yèn panjênêngan sanès dhoktêr, botên mangrêtos anjampèni tiyang sakit, nanging piyambakipun mêksa badhe pinanggih panjênêngan.

Tamu dipun tampi dening Tuwan Pasteur. Dr. Pfeiffer matur: Kula nuwun Tuwan Pasteur, kula sami dhatêng saking Elzas, prêlu sowan panjênêngan, nyuwun tulung jampi kangge anakipun Nyonyah Meister nama Joseph, punika sakit dipun cakot sêgawon edan.

Ing sasagêd-sagêd inggih sampun kula jampèni

--- 1081 ---

piyambak, nanging kula mêksa kuwatos bokbilih sagêd thukul malih sêsakitipun wau. Sarèhning kula sampun mirêng pawartos, bilih panjênêngan sampun nyinau lan angudi bab sêsakit punika, saha sampun manggihakên jampinipun, mila kula lajêng enggal sowan mriki.

[Iklan]

Wangsulanipun Tuwan Pasteur: Lêrês, nanging papriksan utawi cobèn-cobèn kula wau namung tumrap dhatêng sêgawon, kula botên sagêd nulungi putranipun Nyonyah Meister punika, saupami kula suntika mawi serum ingkang kangge ing sêgawon, mangke gèk andadosakên tiwasipun, punika adamêl susah lan kula lajêng nampi ukuman, kula botên purun damêl cobèn-cobèn, dhatêng tiyang utawi lare punika.

Sarèhning biyungipun lare wau mêksa nyuwun supados anakipun dipun jampèni utawi dipun suntik sarta kenging dipun cobi, Dr. Pfeiffer matur: Inggih sakrêsa panjênêngan tuwan, upami lare punika dados ing tiwasipun, inggih sampun bêgjanipun piyambak.

Sarèhning Tuwan Pasteur ing panggalih pakèwêd, lajêng ngaturi Dr. Rossignol ingkang mriksa cobèn-cobènipun suntikan ingkang tumrap dhatêng menda, têmtu sampun kathah pitadosipun. Nanging sarêng dhatêng, aturipun Dr. Rossignol: Kula botên muphakat, lan botên purun malilahi. Badhe kasambêtan.

R. Sumadirja, Ind. Arts. Sêmarang.

--- 1082 ---

Kawruh Sawatawis

Toko Pakaryan Surakarta

Sampun kasumêrêpan bilih ing mangke sampun kathah para sadhèrèk Jawi ing Surakarta ingkang sampun sagêd dêdamêlan barang warni-warni, saking pambudidayanipun piyambak-piyambak, saking tuntunanipun para narapraja ingkang kuwajiban, bab ngajêngakên kagunan. Dêdamêlan wau saya katingal majêng tuwin èdi, emanipun dene taksih rêkaos panyadenipun, dening umumipun kirang ubêt saha kirang pambudidayanipun pados margi cara pambucal tuwin panyadenipun.

[Grafik]

Rêca padhas, damêlanipun têtiyang ing bawah ondêr dhistrik ing Bulu, ingkang katitipakên ing toko pakaryan Surakarta.

Awit saking punika para abdi dalêm pangrèh praja ing bawah kabupatèn kitha Surakarta, amanah prêlu ambiyantu ngupados margi murih dêdamêlanipun sadhèrèk Jawi sagêd kauningan ing ngakathah, salajêngipun sagêda sae pambucal tuwin pêpajênganipun, ingkang tundonipun amêwahi ing kamajênganipun sadhèrèk Jawi, jêr punika sampun dados kuwajibanipun anggèning dados bapa babuning kawula.

Amila dèrèng dangu sampun madêg bêbadan kumisi, ngangsahakên tuwin ngrosakakên pangudi kamajêngan babagan kagunan, ingkang kanamakakên pakaryan Surakarta.

Mênggah sêdyanipun bêbadan wau, anggêgêsang sarta ngajêngakên pakaryanipun bôngsa Jawi, nyatiyarakên saha mitulungi padamêlan kriya bôngsa Jawi ing Surakarta, manah dêdamêlanipun tukang Jawi ing Surakarta, supados mindhak sae saha sagêda majêng.

Golonging rêmbag sagêdipun kalampahan sêdya wau lajêng ada-ada angwontênakên toko, kanamakakên: toko pakaryan Surakarta, ingkang sampun kalampahan wiwit kabikak dening pangarsa, Radèn Tumênggung Prawirawadana, kanthi anêrangakên sawatawis panjang mênggah wigatosing ngawontênakên toko wau. Liripun, kangge nampèni barang-barang dêdamêlanipun tiyang Jawi ing Surakarta ingkang katitipakên, prêlu kasadèkakên. Nampèni saha mitontonakên barang-barang ingkang kasade minôngka conto, nawèkakên barang-barang ingkang kasade dhatêng toko-toko sanèsipun, sarana kengkenan, kintun-kinintun sêrat, tuwin macak pariwara, nampèni wêlingan saking para ingkang ambêtahakên, dalah pangintunipun, ngrêmbagakên tuwin mitêdahakên dununging ing- [Hlm. 1083 tidak ada, naskah rusak]

--- [1084] ---

Wêwaosan

II Lêlampahanipun Dhobrinya

7

Sarêng Dhobrinya sampun umur gangsal wêlas taun, lajêng wiwit numpak kapal anjajah ing laladan ngriku prêlu andadar badanipun, tuwin botên watawis dangu, namanipun lajêng kawêntar ing saindênging praja, jalaran saking anggènipun adamêl rêsik praja ngriku saking panggodhaning para begal punapadene para kècu. Kathah tiyang awon ingkang pinêjahan utawi dipun cêpêng, ngantos sadaya sami miris, ajrih nglampahi awon wontên ing sakiwa têngênipun kitha Kiyèph wau. Ingkang makatên wau ngantos kamirêngan dening Sang Prabu Wladhimir, saha lajêng tinimbalan dhatêng ing kadhaton. Lan wiwit punika, manawi ing salêbêting kadhaton wontên paharyan utawi kaprêluan sanès-sanèsipun, Dhobrinya salaminipun tansah tinimbalan, lan wontên ing ngriku, Dhobriya asring kadhawuhan têtêmbangan tuwin nabuh clêmpung minôngka kangge angramèni wontênipun pahargyan. Lan saindênging praja ngriku, botên wontên wira suwara, ingkang sae suwaranipun sarta sagêd rêrumpakan anggambarakên para satriya linangkung ing jaman kina, kadosdene Dhobrinya.

Jalaran saking anggènipun andhap-asor tuwin alus bêbudènipun, Dhobrinya tansah dados sêkar lathinipun para wanita. LalanLan. jalaran saking kêkêndêlan sarta kaprawiranipun, kathah para prajurit ingkang sampun sami misuwur namanipun, kados ta: suwargi Dhune, Mikayo, lan Bêrmyata, ingkang sami ngatingalakên kadugining manahipun dhatêng Dhobrinya wau. Nalika Dhune kautus ing sang nata nglamar putri dhatêng praja Litowên, kados ingkang sampun kacariyosakên ing ngajêng, inggih botên purun nganthi prajurit sanèsipun, kajawi namung Dhobrinya. Jalaran saking kêkêndêlanipun nalika dados kanthinipun Dhune wau, ingkang anjalari sang nata ing Litowên amasrahakên putranipun Dèwi Aprasiah dhatêng utusan kêkalih wau, ing wusana sawangsulipun dhatêng Kiyèph malih, Dhobrinya katêtêpakên dados têtindhihing prajuritipun Prabu Wladhimir, ingkang katêngên sangêt. Sanadyan wiwit punika Dhobrinya misuwur namanipun sarta kinasih sangêt dening sang prabu, ewasamantên tandang tanduk [naskah rusak].

2. Pêrang ingkang kapisan kalihan naga

Ing satunggiling dintên hawanipun bêntèr sangêt, ngantos botên wontên têtiyang ingkang purun mêdal ing jawi, ngêmungakên sami ngèplèh-èplèh linggih wontên ing salêbêting griya, dene ingkang kalêrês wontên ing jawi, inggih lajêng ngupados papan ingkang asrêp, kados ta wontên ing ngandhaping wit agêng, wontên ing grêdhu, lan sasaminipun. Jalaran saking punika ing pundi-pundi panggenan lajêng katingal sêpên anyênyêt, botên wontên sabawaning walang salisik. Ing kala punika Dhobrinya linggih piyambakan wontên ing kamaripun, sarta botên kèndêl anggènipun tansah nyawang dhatêng langit, kanthi pangajêng-ajêng bokmanawi sagêd andêngangi mêndhung sakêdhik, ingkang nyasmitani badhe wontênipun jawah. Nanging ing pundi-pundi langitipun katingal biru, tanpa kapêtêngan ing mega sakêdhik-kêdhika. Dhobrinya mangrêtos, bilih kawontênan ingkang makatên punika, kenging kangge tôndha yèn hawa bêntèr kados ingkang sawêg dipun alami punika badhe dangu, ingkang anjalari piyambakipun kapêksa kêdah wontên ing salêbêting griya kemawon, tanpa sagêd tumandang damêl punapa-punapa. Dumadakan ing kala punika Dhobrinya kèngêtan cariyosipun tiyang bilih toyanipun lèpèn Pusai punika, sanadyan ing pundi-pundi hawanipun bêntèra kados punapa, tansah asrêp kadosdene ès. Sanalika punika kapengin adus wontên ing lèpèn ngriku, murih badanipun ingkang karaos lêsu sagêda sêgêr, tanpa kenging dipun pênggak, mila piyambakipun lajêng murugi ibunipun prêlu badhe nyuwun pamit nêdya adus wontên ing lèpèn Pusai wau.

Sarêng Dèwi Apimyah mirêng aturipun ingkang putra makatên wau, kagètipun kalangkung-langkung, lan sakala punika wadananipun katingal pucêt. Ing wusana sang putri lajêng angandika makatên:

Rungokna, Dhobrinya, anakku, kowe aja adus ing kali Pusai, awit kali iku kaliwat ambêbayani. Banyune mula iya anyês, nanging mung kang ana ing pinggir bae, yèn rada mêntêngah sathithik, iya wis beda bangêt. Dene ing têngah-têngahe kono, isining banyu warna têlu, kang siji banyune prasaksat gêni panase, kang ôngka loro nganti mêtu mawane, dene kang ôngka têlu iku ngukus, kang bisa anjalari wong ora bisa wêruh apa-apa. Ngandêla nyang aku, Dhobrinya, anakku, aja pisan-pisan [naskah rusak]

--- [1085] ---

Nanging Dhobrinya botên purun migatosakên dhatêng dhawuh pangandikanipun ingkang ibu wau. Tanpa ngucap punapa-punapa piyambakipun ujug-ujug lajêng mêdal saking ing kamar ngriku. Salajêngipun Dhobrinya lumêbêt ing kamar ingkang kangge nyimpên panganggenipun, wontên ing ngriku piyambakipun lajêng ngrasuk busana kaprajuritan ingkang sadaya sarwa pasaja. Sasampunipun lajêng dhatêng ing gêdhogan, saha anglapaki kapalipun. Sasampunipun amêndhêt dêdamêlipun ingkang awujud towok, pêdhang, jêmparing sagandhewanipun, tuwin gada, Dhobrinya lajêng nyengklak kapalipun. Salajêngipun, kanthi kadhèrèkakên dening rencangipun jalêr satunggal, lajêng bidhal nuju dhatêng lèpèn Pusai.

Ing sakawit lampahipun Dhobrinya naratas ing ara-ara, wontên ing ngriku kapal dipun tungkak ing lêmpèngipun. Sarêng kapal ambandhang, Dhobrinya lajêng ngumbulakên gadanipun ingkang lajêng katampenan mawi tangan satunggal, salajêngipun nuntên ngobat-abitakên towokipun wontên ing sanginggiling sirah, kadosdene tiyang ingkang badhe nêmpuh mêngsah.

Ing kala punika surya nêdhêng inggil-inggilipun, bêntèripun sakalangkung-langkung, ngantos abdi ingkang andhèrèk wau, mèh sumaput dening bêntèripun. Ing batos abdi wau sakalangkung ngungun, dene bêndaranipun, ingatasipun samantên bêntèripun, ngagêm-agêm prajuritan, têka sajakipun kados botên karaos bêntèr babarpisan, malah lajêng dolanan makatên. Ingkang makatên punika anjalari wêwahing katrêsnan punapadene ajrihipun pun abdi wau dhatêng bandaranipun.

Sarêng lampahipun sampun sawatawis cakêt saking lèpèn Pusai, Dhobrinya lajêng mandhap saking kapalipun, kêndhali kapasrahakên dhatêng abdinipun, nguculi panganggenipun kaprajuritan, saha lajêng wicantên makatên.

Kowe ngêntenana ing kene, lan jaganên jaran utawa panganggoku iki.

Sasampunipun Dhobrinya wicantên makatên wau, salajêngipun nuntên dhatêng ing sapinggiring lèpèn, saha lajêng nguculi pangangge sanès-sanèsipun. Nanging sarêng Dobrinya badhe anjêgur ing lèpèn, dumadakan lajêng mirêng suwaranipun tiyang èstri sawatawis sami gumujêng. Dhobrinya lajêng nolèh dhatêng prênahipun suwara wau, ing ngriku nyumêrêpi lare-lare èstri ingkang sampun sami prawan, ingkang sawêg sami umbah-umbah wontên ing lèpèn. Salajêngipun lare-lare èstri wau wicantên dhatêng Dhobrinya makatên:

Dhuh, satriya, punapa panjênêngan botên uninga bilih tumrap têtiyang jalêr satunggiling awisan adus wontên ing ngriki tanpa têlêsan, sanadyan tipisa kados punapa, kêdah ngagêm. [Naskah Rusak]

...mirêng, amila wicantênipun para kênya wau namung kaanggêp gêgujêngan kemawon, saha lajêng namung amangsuli makatên.

Bocah-bocah wadon. Kiraku, panampamu ing bab larangan mau kaliru. Sing dilarangi, yaiku: prawan kang ayu, kuwi ora kêna andêlêng jaka nonoman kang adus wuda, mangkono uga prawan kang ayu dilarangi ucul-ucul panganggo, yèn ana jaka kang nyawang.

Sasampunipun wicantên makatên wau, Dhobrinya lajêng anjêgur ing lèpèn Pusai, saha anglangi manêngah. Botên watawis dangu lajêng dumugi ing ilèn-ilèn tigang warni kados ingkang dipun ngandikakakên dening ingkang ibu. Namung ing ngriku wontên bedanipun sawatawis, inggih punika: ingkang satunggal toyanipun asrêp sangêt, lan ilinipun bantêr kalangkung-langkung ngantos mèh kemawon piyambakipun botên sagêd dumugi ing ilèn-ilèn ingkang ôngka kalih. Salêbêtipun anglangi wau Dhobrinya angunandika makatên: Ibu kuwi ambok aja sok krêsa mirêngake omonging uwong. Pangintêne yèn kali iki ambêbayani bangêt, wong iya ora barang-barang mangkene, malah lumrah bae kayadene kali liya-liyane.

Ing wêkdal punika dumadakan wontên lêlampahan ingkang nganèh-anèhi sangêt, inggih punika makatên: ing kala punika botên wontên angin babarpisan, ewasamantên langitipun ujug-ujug katutupan ing mega ingkang pêtêng sangêt, lan sanadyan piyambakipun botên sagêd sumêrêp manawi jawah, raosing badanipun kadosdene dipun êsoki ing toya. Sasampunipun makatên, saking katêbihan piyambakipun mirêng suwaraning galudhug pating galêgêr rame sangêt. Suwara galudhug ingkang samantên ramenipun wau, salaminipunêsangsalaminipun gêsang. Dhobrinya dèrèng nate mirêng. Kajawi punika kêlaping kilat lan thathit tanpa wontên kèndêlipun, ngantos Dhobrinya kapêksa ngêrêmakên mripatipun. Botên watawis dangu sarêng piyambakipun ngêlèkakên mripatipun malih, wontên ing gêgana inggil sangêt, Dhobrinya sumêrêp satunggiling naga ingkang sakalangkung agêng. Naga wau sirahipun tiga lan ugi anggadhahi têlale tiga. Sanalika punika Dhobrinya lajêng èngêt dhatêng dêdongenganipun tiyang, bilih naga ingkang awujud makatên punika botên sanès kajawi ingkang nama naga Gurindayêksa. Salêbêtipun kêkitêr wontên ing awang-awang wau, Gurindayêksa wicantên makatên:

Ana kang mêca nyang aku, yèn ing besuk sing bakal bisa matèni aku iki ora ana liya kajaba Dhobrinya, nanging wêwêcan kang kaya [Naskah Rusak]. Badhe kasambêtan.

--- 133 ---

Taman Bocah

[Naskah rusak]

--- 134 ---

LÊLUCON.

TANGGA KANG ORA COCOG.

Pak Wangsa karo Pak Sura, sanajan omahe mung lêt 20 mètêr mêksa uripe tansah ora cocog. Sawijining dina Pak Sura nyêlapani anake lan nganggo kêndhurèn, tangga têparo kabèh diundang, mung Pak Wangsa diliwati. Barêng wong-wong kang arêp nyang nggone Pak Sura liwat ngarêpe Pak Wangsa, Pak Wangsa atine kaya disate kêmropok têmênan, banjur ngadêg ana ngarêp lawang karo malang kêrik, mripat mênthêlêng, anggêr ana wong 3 utawa 4 sagrombol kang arêp nyang nggone Pak Sura, Pak Wangsa mbêngok: "Waaah, gêmrudug kaya ngantèn!" Mêngkono nganti rambah-rambah. Barêng wong wis padha mlêbu lan modin wiwit ndonga, suwarane wong amin barêng, nganti gêmrênggêng. Pak Wangsa ora kuwat, banjur mbêngok manèh: "Waaa! Gêmrênggêng kaya tawon." Bok Wangsa sing awit mau mênêng bae, saiki ora kuwat ndêlêng polahe sing lanang, banjur calathu: "O, Allah, wong lanang, bok aja kaya ngono, dene kok kaya bocah." Pak Wangsa sumaur sugal: "Hus, pancèn aku iki rak bocah ta, nèk wong tuwa tênèh diundang kêndhurèn.

Kho Ngo Kioe, Blabak.

Ing Pamulangan

Guru: "Coba golèka têmbung camboran sarta têgêse têrangna pisan, upamane: guru= digugu lan ditiru."

Amir: "Cangkir= dicancang anèng pikir."

Guru: "Ya bênêr, saiki kowe Samantên."

Samsu: "Puji, donga, dhikir= sapu siji, wadung sanga, wêdhi sacangkir."

Sulas: "Bu Mar= kalêbu asma sing samar."

Handini, Pacitan.

Guru: "Din, Din, wis akèh bangêt anggonmu maca layang wacan, ya?"

Paidin: "sampun!"

Guru: "Hara, layang apa sing ngêrês-êrêsi ati, Din?"

Paidin: "Sêrat ingkang ngêrês-êrêsi manah, punika sêrat gadhèn ingkang ical."

Sularjo, Batavia-Centrum.

CÊDHAK RADIO.

Sasanti: "Pak, nèk diputêr ngene olèh ngêndi?"

Bapake (aras-arasên): "Olèh S.R.I.

Sasanti: "Nèk diputêr ngene?"

Bapake (rada nêsu): "Olèh Nirom II!"

Sasanti: "Nèk di..."

Bapake (nêsu bangêt): "Nèk diputêr [Naskah rusak]

LÊLAGON NGANGGO LAGU KILUR-KILIR

I. Kêmbang gêdhang, kêmbang jambu, kok sênêng aku@Olèh wulang ka pak guru, kok sênêng aku@Kêmbang kawis gula Jawa, kok sênêng aku@Bisa nulis, bisa maca kok sênêng aku.

II. Kêmbang mênur, kêmbang pandhan, dirajang-rajang@Katon pèni ing ndhasaran, gandane arum@Sabên libur aku dolan, yèn bocah lanang@Kanggo ngudi kapintêran, bène kampiun.

III. Ronce-ronce kêmbang pace, ho-yaho-yaho@Pating grandhul ora wangi, lo-elo-elo@Gaweanku sabên sore, ya-ayo-ayo.[Naskah rusak]

--- 135 ---

DONGA KANG BISA AMBADHARAKE WÊWADI

(Candhake)

Ing nalika samono Abdulgani kèlingan manawa sang ratu kagungan langganan tukang cukur, kang sabêne didhawuhi marasi. Abdulgani banjur sêsidhêman nêmoni tukang cukur mau, lan ngandhakake apa kang dadi karêpe. Tukang cukur wiwitane ora gêlêm, nanging barêng dijanjèni yèn niyate patih mau bisa kalêksanan, dhèwèke arêp didadèkake patih. Tukang cukur banjur nyaguhi. Kabênêran nalika iku tukang cukur mau ditimbali sang ratu. Tukang cukur tumuli mangkat lan uga wis sadhiya piranti, yaiku berang kang arêp kanggo nyedani sang ratu.

Satêkane ing kêdhaton tukang cukur mau banjur nyadhiyakake sakabèhing piranti kang kanggo marasi sang ratu, dene berange dislêsêpake ana ing sajêroning klambi, nganti ora kêtara.

Sang ratu sawise pinarak ing kursi, banjur dipirantèni apa sapêrlune dening tukang cukur. Ing wêktu iku tukang cukur arêp miwiti nindakake kêkarêpane nyedani sang ratu, nanging lagi bae tukang cukur arêp ngunus berange saka klambine, dumadakan sang ratu ing wêktu iku kèngêtan marang dongane Ali Chambyah, lan banjur ngandika: "Hèm, hèm, saya sudhah tau." Tukang cukur bangêt ing kagète dene sang ratu wis pirsa apa kang dadi sêdyane mau.

Mula saka wêdine lan saka kumêpyure atine, tukang cukur banjur ilang kêkuwatane, lan têrus ambruk ana ngarsane sang ratu. Dene berange uwal saka tangane lan tiba kumêmprang.

Sang ratu kagèt bangêt dene ana kaanan kang kaya mangkono, mula banjur jumênêng saka kursi, lan ndangu marang tukang cukur mangkene: "E tukang cukur, sabab apa dene kowe banjur nggloso ana ing ngarêpku?"

Tukang cukur: "O, gusti, kula nyaosakên pêjah gêsang."

Sang ratu: "Lo pêjah gêsang priye? Aku ora ngêrti karêpmu kuwi."

Tukang cukur: O, makatên gusti. Ndadosna kauningan, ing suwau kula dipun pinta sraya dening Patih Abdulgani, kula kapurih nyedani panjênêngan. Kalêrêsan punika wau kula kadhawuhan marasi panjênêngan, dados kaniyatan kula badhe kalêksanan. Nanging panggagas kula ingkang kados makatên wau, dumadakan kosok-wangsul, awit nêmbe kemawon kula badhe mêndhêt berang ingkang kula tlêsêpakên ing rasukan, dumadakan panjênêngan lajêng ngêndika: "Hèm, hèm, saya sudhah tau." Ing sarèhning kula ngintên bilih panjênêngan sampun pirsa punapa ingkang dados sêdya kula, pramila saking kagèting manah tuwin ajrih kula, kula lajêng gumêtêr tuwin pêtêng panon kula ngantos kula lajêng dhawah ing ngarsa panjênêngan punika.

Sang ratu barêng midhangêt ature tukang cukur mau, bangêt ing dukane lan banjur nimbali senapatine kèhe 15, diutus nyêkêl Patih Abdulgani. Ora antara suwe senapatine wis padha bali karo anggawa Patih Abdulgani wis dibanda. Patih Abdulgani satêkane ing kêdhaton, barêng wêruh tukang cukur wis ana kono lan dibanda, bangêt ing kagète lan sarèhne dhèwèke ngrumasani ing dosane, sanalika iku pêtêng panone lan banjur ambruk sanalika. Barêng dhèwèke wis eling, nuli didangu sang ratu lan diwêlèh-wêlèhake apa kang dadi pikarêpane mau. Patih Abdulgani wis ora bisa selak manèh lan banjur ngakoni apa kang dadi kaluputane.

Lêt sawatara dina sarèhne Patih Abdulgani wis cêtha kaluputane banjur dilèrèni saka pagaweane dadi patih lan dipatrapi paukuman kunjara salawase urip.

Dene tukang cukur dipatrapi paukuman kunjara lawase 10 taun. Dene Ali Chambyah banjur diangkat dadi patih, anggêntèni kalungguhane Patih Abdulgani.

Amien Sumari.

--- 136 ---

CRITANE ANTÊPING JAKA

(Candhake)

Sawuse Sucipta rong dina ana ing omahe bapakne, têlung dinane banjur sowan bêndarane lawas lan nêmoni kanca-kancane, apadene sêdulur-sêdulure. Kabèh kang padha kêtêmu karo Sucipta padha sênêng atine. Sêdulur-sêdulur sing padha duwe anak lanang, banjur kêpengin nyêkolahake anake, supaya bisa cêkêl gawe kaya Sucipta. Sarta para tangga têparone lan sanak sêdulure, kang biyèn padha mênging kêkarêpane Kyai Sudagar lan Sucipta, saiki malah padha ambênêrake. Sabên dina dhayohe Kyai Sudagar tanpa kêndhat. Barêng pamite Si Sucipta kari rong dina, dhèwèke nuli mulih nyang Bêtawi, niyate sing rong dina kanggo ngaso.

Sabanjure Si Sucipta anggone nyambutgawe kanthi ngati-ati lan srêgêp kaya sing uwis.

Lêt rong taun dhèwèke ditêtêpake dadi klerk. Uripe Sucipta prasaja, mulane sajrone limang taun dhèwèke wis duwe celengan cukup kanggo tuku omah.

Mundhak taun umure, mundhak akèh pikirane, samono uga sangsaya têmuwa, saka panggagase supaya bisa mundhak têntrêm uripe, nduwèni niyat arêp omah-omah dhewe, lan bisaa entuk bojo pisan, sing kêna kanggo têtimbangan. Sabanjure Sucipta anggone manggon ana ing omahe Pak Wangsa, iya wis krasa sênêng ora paja-paja kaya manggon ing panggonane wong liya. Mungguh saka panjangkane, besuk ngalihe saka kono mau ngêntèni yèn wis duwe bojo utawa mawa sabab liya kang andadèkake jalaraning ngalih, supaya aja andadèkake pinggêting wong saduluran.

Si Sucipta tansah mikir-mikir, yaiku apa golèk bojo dhisik, apa tuku omah dhisik, ananging tuwuhing pikir kang maton, bêcik tuku omah dhisik, lan nyukupi apa kang dadi kabutuhaning omah. Barêng wis mantêp têmênan niyate anggone arêp tuku omah, banjur ngirimi layang nyang bapakne, mungguh surasane dijaluki timbangan. Kyai Sudagar barêng maca layang mau, bangêt ing bungahe dene panêmune anake lanang banjur tumuju kang mêngkono. Layange mau tumuli diwangsuli, yèn dhèwèke rujuk bangêt manawa arêp tuku omah dhisik, lan uga ngabari yèn kira-kira saminggu manèh arêp têka ing Bêtawi, kêpengin wêruh omahe kang arêp dituku.

Sucipta sauwise tuku omah, kanthi cocoging atine bapakne, sarta wis ngalih sawatara dina, Kyai Sudagar banjur mulih nyang desane manèh. Nalika Kyai Sudagar isih ana ing Bêtawi, dhèwèke nyaritakake bab kaanane Radèn Sujana sagarwa putra lan uga ngandhakake manawa Radèn Sujana kagungan putra kêponakan kang wus lola lan wis rong taun dhèrèk ana ing dalême kono. Putra kaponakane mau jênênge Radèn Rara Suprapta,Suprapti. lagi mêtu bae saka pamulangan H.I.S. Kira-kira lêt sêsasi saulihe bapakne, Sucipta nuli ngaturi kabar mênyang Radèn Sujana, manawa dhèwèke wis tuku omah sarta matur, ing sarèhne saiki wis duwe omah, nyuwun digolèkake bojo kang sakirane nrima blanja sathithik, nanging sabisa-bisa sing isih sêntanane Radèn Sujana. Pancèn Radèn Sujana iku trêsna bangêt marang Sucipta, karo manèh dhêmên marang adat kêlakuane bocah iku, mula ya andadèkake sênênging panggalihe Radèn Sujana. Satampane layang kang surasane mêngkono mau, niyate Radèn Sujana, Si Sucipta arêp dijodhokake karo Radèn Rara Suprapti.

Layange Sucipta lêt saminggu diwangsuli dikanthèni gambare Radèn Rara Suprapti. Ing layang, dingandikakake kaanane kabèh.

Bangêt kagèt lan bungahe Si Sucipta, barêng wêruh gambar mau, awit dhèwèke wis tau têpung karo bocah wadon mau, sarta kêna diarani mitrane lawas. Mula ya banjur cocog bangêt, yèn dhèwèke arêp didhaupake karo bocah wadon mau.

Barêng wis dirêmbug matêng karo bapakne, têlung sasi manèh Si Sucipta didhaupake karo Radèn Rara Suprapti, ana ing dalême Radèn Sujana. Lêt saminggu sing wadon diboyong mênyang Bêtawi.

Si Sucipta lan bojone anggone padha omah-omah kanthi têntrêm, tansah êmong-kinêmong, agawe sênênging atine wong tuwane.

Saya lawas Sucipta anggone omah-omah akèh kaundhakane bêcik, samubarange tansah padha dirêmbug wong loro.

Nuju sawijining dina ing wayah sore wong loro mau lagi padha lêlungguhan barêng, kang wadon calathu mangkene: "Mas, sarèhne bapak wis sêpuh, ambok iya diaturi ana kene bae, ora susah dodolan; yèn bapak isih ana desane bae, atiku kok durung têntrêm babar pisan, tansah sumêlang bae, awit bapak iku wis piyambakan. Yèn ana kene rak aku dadi bisa ngladèni, karo manèh kêna kanggo sêsêpuh lan kêna dijak rêrêmbugan. Kapriye mungguh rêmbugmu, saupama sasi ngarêp iki aku sakloron padha nyang Cakra pêrlu amboyongi bapak?"

Sucipta ngrujuki rêmbuge sing wadon, lan barêng wis têkan titimasane pamit, wong loro padha budhal nyang Cakra pêrlu amboyongi bapakne.

Sajrone Sucipta omah-omah kêtunggon bapakne, kaanane sangsaya têntrêm, sarta luwih akèh bêcike, [Naskah rusak]

Cuthêl.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Babaran enggal! Babaran enggal!

MARGANING URIP

Cariyos satunggaling malaekat kasiku dhatêng Ingkang Damêl Gêsang, dipun dadosakên manungsa limrah, nama Misèl. Sarêng sampun sawatawis laminipun kêmpal kalihan manungsa, Misèl sagêd nyumêrêpi punapa ingkang dados awisanipun Ingkang Kuwaos. Wusana Misèl wangsul dados malaekat malih.

Lajêng dipun sambêti cariyosipun: ILYAS. Satunggaling tiyang sugih ingkang lajêng mlarat. Nanging sarêng mlarat malah rumaos bêgja lan sênêng gêsangipun.

Dipun sambêti malih cariyos LAS-LASAN BÊRAS SAÊNDHOG PITIK. Satunggaling ratu kagungan barang ingkang sakalangkung anèh, agêngipun satigan ayam, wujudipun kados las-lasan uwos. Para sagêd botên wontên ingkang sagêd mastani barang wau. Lajêng wontên tiyang sêpuh ingkang sagêd nêrangakên bilih barang wau sajatosipun inggih uwos. Uwos jaman rumiyin.

Cariyos tigang warni kasêbut ing nginggil punika nênarik manah saèstu, sarta ngêmu piwulang ingkang lêbêt. Prayogi dipun sumêrêpi ing para mudha tuwin para wrêdha.

Kangge icip-icip ing ngandhap punika pêthikanipun:

Cariyosipun Misèl: "Saikine aku ngrêti, yèn uwong iku uripe ora jalaran saka anggone ngrêmbug marang awake dhewe, nanging jalaran saka katrêsnan, kawêlasan utawa asih.

Wong kang dadi biyung, ora kaparingan wêruh apa kang dadi kabutuhane anake murih bisane urip. Wong kang sugih-wugih ora pinarêngake wêruh apa kang prêlu tumrap awake. Sarta iya ora ana wong kang pinaringan wêruh, sing dibutuhake iku apa? Apa sêpatune kanggo wong urip, apa trumpah kanggo wong arêp mati.

Anggonku bisa urip nalika tinitah dadi uwong iku ora sabab saka olèhku njaga marang uripku dhewe, nanging sabab saka anane rasa asih, rasa wêlas utawa rasa trêsna, kang dumunung ana ing atine wong lanang kang liwat sandhing panggonanku andheprok, utawa kang dumunung ana ing atine bojone.

Dene bocah kang ditinggal bapa biyungku iku bisane slamêt uripe iya ora saka anggone njaga marang uripe dhewe, nanging jalaran saka anane rasa wêlas, rasa trêsna kang dumunung ana ing atine wong wadon kang dudu apa-apane.

Mangkono uga wong-wong kabèh mau, bisane urip ora jalaran saka anggone rumêksa marang uripe dhewe, nanging jalaran atine wong-wong padha kadunungan rasa asih, rasa wêlas lan rasa trêsna.

Dhèk biyèn sing dakngrêtèni mung Pangeran olèhe paring urip marang uwong-uwong, sêbab krêsane pancèn supaya uwong-uwong bisaa urip. Saiki liyane kuwi ana manèh:

Yaiku ora dadi kaparênge Sing Kuwasa yèn wong urip mung arêp mikir marang awake dhewe. Saka krêsane Sing Kuwasa urip kudu kanggo sapadha-padha. Jalaran saja kagungan krêsa mangkono mau, mula iya ora dhawuh apa kang dadi kabutuhane siji-sijining wong urip tumrap awake dhewe. Sing didhawuhake apa kabutuhane wong urip tumrap wong akèh, dadi iya tumrap awake dhewe, lan tumrap sapadha-padha.

Kajabane iku aku saiki iya ngrêti, yèn wong kang duwe rumangsa yèn uripe iku saka pangrêmbuge dhewe, iku satêmêne klèru. Wong ora bisa urip saka pangrêmbuge dhewe, nanging kudu saka katrêsnan, saka asih, saka kawêlasan. Awit sapa kang winêngku ing katrêsnan, ing asih, utawa wêlas, iya kawêngku ing Pangeran. Kosokbaline Pangeran, iku iya mung bisa winêngku dening uwong kang kadunungan trêsna, wêlas lan asih. Awit sanyatane sipate Pangeran iya wêlas, iya trêsna, iya asih.

__________

Ngètên nggih, mas, nèk kula pikir ngotên, pancèn inggih sanès lêpate kasugihan, dene dhèk kula sugih, botên sênêng, sarta nggih sanès panggawene si kêmlaratan dene barêng mlarat kula lajêng sênêng. Ontêne dhèk kula sugih ati kula botên sênêng, botên jênjêm, niku sababe awit angsal kula pados kasênêngan luput panggonane. Kula wastani kasênêngan niku dununge mung èntên bandha mawon. Dados sing kula udi nggih mung bandha. Rina wêngi angsal kula golèk tanpa lèrèn. Lèrèn-lèrèn jam tilêm. Botên nate kula tiyang kalih sok mijèkakên jam kangge omong-omongan, kangge rêmbugan. E, ngrêmbug kautaman, karêp kula. Niku botên nate. Pikiran kula mubêng mungsêt mung têng bandha. Awan kula golèki, bêngi kula kuwatirake yèn dicolong uwong. Têng wong liya, têng batur anane mung sujana. Kuwatir yèn nganti gawe kurange bandha sing kula kêpengini. Dadi ati kula niku mung tansah ngandhut dosa. Dosane dene ndakwa sing botên-botên têng wong sing botên punapa-punapa." Awit satêmêne batur-batur kula niku sae-sae sadaya. Lajêng jaran, sapi, wêdhus, sapiturute, niku anggêr diêngon, digawa lunga saka ngomah, ati kula ênggih êmpun dhêg-dhêgan, sumêlang nèk dibadhog kewan galak.

Lajêng ontên malih sing saya damêl rungsêbing manah, ênggih niku angsal kula kêrêp pabên kalih kanca jalêr. Ing bab ngumpulake bandha; kula tiyang kalih nika padha mêmpênge. Kula mêmpêng, kanca jalêr inggih mêmpêng. Jalaran saka mêmpênge wau sok lajêng cêngkah. Ngriku kêncêng, kula kêncêng, dados lajêng pabên!"

Dhayohe takon: "La sanikine pripun?"

Sanikine êmpun ewah, sabab sêdantên mawon sing marakake rungsêb têng manah êmpun sami kula bucali. Kuwatos napa-napa botên gadhah. Sujana têng wong liya ênggih botên. Nèk sêla pagawean kula tiyang kalih sami mrêlokakên omong-omong, ngrêmbug bab kautaman, ngrêmbug kuwasane Sing Gawe Urip. Sêdantên wau anjalari manah kula lajêng sênêng, têntrêm. Dèrèng nate kula ngraosakên sênêng kados saniki. Sèkêt taun angsal kula krênggosan mlayu-mlayu, golèk kasênêngan. Ning tibane katêmune jêbul barêng êmpun mlarat.

Krungu katrangane bojone Ilyas mêngkono mau, dhayoh-dhayohe padha gumuyu, katon yèn ora anggugu. Ilyas satêngah nêsu, kandha: "Sampun sami gumujêng, sadhèrèk. Mênika sanès gêgujêngan, nanging kanyatahan, inggih punika kanyatahaning gêsang. Ingkang Kuwaos sampun paring èngêt dhatêng kula tiyang kalih. Pêparingipun Ingkang Kuwaos wau dening semah kula kala wau sampun dipun aturakên dhatêng panjênêngan. Botên awit saking nuruti manah sênêng, nanging awit saking pangeman. Inggih punika ngeman dhatêng panjênêngan sadaya, sampun ngantos anggènipun manggih sênêng, ndadak mawi patumbas kadosdene kula."

__________

Andadosakên kauningan dalêm gusti. Pantun ingkang wosipun samantên, punika jamanipun kawula taksih tumindak ing damêl, nama limrah. Sarta ingkang sami kawula têdha, inggih wos ingkang samantên-samantên punika. Ingkang nanêm kawula piyambak, ingkang ngênèni inggih kawula piyambak.

Sang prabu gumun, kêpengin ndangu manèh: "Mungguh sawah kang koktanduri, iku sawah kang kaya apa?"

Wong tuwa mangsuli: "Nuwun inggih sabin limrah, sabin kagunganipun Ingkang Kuwaos. Awit jaman samantên, sabin ingkang dados sabinipun tiyang punika inggih sabin ingkang sawêg kagarap. Botên wontên caranipun tiyang ndhaku siti kaakên dados gadhahanipun. Ingkang nama gadhahanipun tiyang, punika namung baunipun. Wondene siti têtêp dados kagunganipun Ingkang Kuwaos."

Sang prabu gèdhèg-gèdhèg saka gumune, banjur ndangu manèh: "Ana manèh, paman, sing arêp daktakokake marang kowe. Sapisan: yagene jaman kunane pari bisa mêtu samono, nanging saiki ora. Kang kapindho: yagene putumu olèhe mlaku nganggo têkên loro, anakmu mung siji, barêng kowe ora têkênan babarpisan. Mangkono uga pandêlêngmu, pangrungumu, lan untumu isih sarwa wutuh, tur caturanmu iya isih cêtha. Ngungkuli anakmu apadene putumu."

Wong tuwa munjuk mangsuli: "O, kawuningana, gusti. Wontênipun kados makatên, awit tiyang-tiyang punika gêsangipun botên awit saking anggènipun nyambut damêl piyambak, utawi malih rêmên melik dhatêng darbèking sanès. Botên kados tiyang jaman kawula rumiyin. Tiyang gêsang namung ngèstokakên dhawuhipun Ingkang Kuwaos. Sampun marêm utawi narimah kalihan gadhahanipun piyambak, botên kêpengin utawi mamrih dhatêng gadhahanipun sanès."

__________

Manawi badhe priksa jangkêping cariyos, kula aturi nyatakakên mundhut Sêrat "MARGANING URIP", têmtu botên badhe kacuwan. RÊGINIPUN NAMUNG f 0.24

WÊDALAN - BALE PUSTAKA - BATAVIA-CENTRUM.