Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09, #1666

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1937, #1666
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1496.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1497.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1498.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1499.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1500.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1501.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1502.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1503.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1504.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1505.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1506.

Ôngka 70, Rê, Wa, 25 Jumadilakir Ehe 1868, 1 Sèptèmbêr 1937, Taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Kadhaton ing Maroko - Blilu tau - Bab sêsakit edaning sêgawon - Dhusun ingkang wontên wêwalêripun - Kawontênan ing Sêpanyol - Bab Pasar Gambir - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading wanita.

Kadhaton ing Maroko

[Grafik]

Ing nglêbêt kadhaton salah satunggiling Raja Islam ing nagari Maroko, ingkang palênggahanipun kagêlaran babut ingkang sarwa èdi-pèni. [èdi-pèni...]

--- 1090 ---

[....]

Blilu Tau

Anggitane: Wiryawiharja, sambêtipun Kajawèn nomêr 60

[Dhandhanggula]

Lèrèn guyu ngombe wedang sripit / banjur muni maune bandara / saikine dadi pladèn / muni mangkono iku / karo mênyat nyingkirke cangkir / sawise ngancing lawang / banjur manggul pacul / arêp mangkat mênyang têgal / dumadakan durung nganti têkan tritis / wis kandhêg ora sida //

sèlèh pacul angilangi kancing / awit wêruh ana dhayoh têka / banjur mapag age-age / akanthi sêmu gugup / kacampuran bêbêging ati / sapa baya sing têka / têka gawe gugup / dhayoh mau uwong lanang / iya iku sing dhèk biyèn dingèngèri / nalika kasangsara //

karo ngajak uwong wadon siji / iya iku sing agawe gita / awit wong iku mantune / sawise tata lungguh / sarta bage-binage slêsih / pitakone Ki Wana / kapriye ta gêndhuk / dene kowe têkan desa / têka dhewe lan ditêrke kang undhagi / êmbokmu kêna ngapa //

lan bojomu parane nyang êndi / mara coba critaa sing cêtha / mantune mangsuli sarèh / kula criyos sing urut / ampun dadi kagèting ati / tumuli wiwit crita / caritane urut / wiwit lunga saka desa / angumbara jajah desa milang kori / wasana kêtilapan //

wiwit iku saya mêlas-asih / sabên-sabên digodha wong ala / nganti mèh ilang nyawane / tujune isih mujur / ditulungi kaki undhagi / cêkake bisa luwar / saka ing pakewuh / Kaki Wana krungu crita / saya manjing bêktine nyang ki undhagi / sing awèh pitulungan //

calathune marang ki undhagi / kaya-kaya karo nyêmbah-nyêmbah / saking bangêt panrimane / dhuh kakang langkung nuwun / mugi-mugi Kang Maha Asih / paringa kanugrahan / kamulyan kang agung / tumrap salira sampeyan / sumrambaha putra wayah sapawingking / dalah sakulawarga //

dene kakang pun sasat nguripi / kang sapindhah dhatêng badan kula / dhatêng gêndhuk ping kalihe / kaki undhagi nyaut / niku êmpun ampun mang pikir / kula namung sadrêma / dados marginipun / awit sadaya-sadaya / êmpun èntên kwasane sing damêl urip / manusa mung sadrêma //

rêmbugane lagi têkan kuwi / katêlune nuli barêng mênyat / sabab krungu rame-rame / sawise padha mêtu / banjur wêruh sing rame kuwi / uwong sapirang-pirang / lumaku gumrudug / ngiring wong wadon wis tuwa / lan wong lanang panganggone bêcik-bêcik / êmbuh wong iku sapa //

23 Malês kabêcikan

... yèn ditata patute kêna dianggit / orane diêmot buku / iya kanggo omog-omong.

Gambuh

maratuwa lan mantu / ora pangling mênyang uwong mau / iya iku Nyi Wanajaya sing siji / dene wonge lanang iku / ora liya Wana ênom //

wong loro mapag gupuh / karo tansah angusapi êluh / saking bêbêg ngrasakke [ngr...]

--- 1091 ---

[...asakke] bungahing ati / wong papat pating galuruh / Nyai Wana gêrok-gêrok //

sêsambat ngadhuh-adhuh / ora nyana bakal bisa wêruh / nganti suwe lagi padha bisa lilih / nuli padha tata lungguh / dhayohe ngêpung kumroyok //

kabèh kêpengin krungu / kojahe sing lagi têka iku / katêlune padha crita angêcipris / gênti muni rêbut sêru / suwarane nganti awor //

ing sanalika iku / saya akèh sadulur sing nungsung / lanang wadon ênom tuwa gêdhe cilik / sing wuta padha dituntun / sing lumpuh padha digendhong //

saking akèhe dhayuh / kaanane ngungkuli wong ewuh / nganti surup lagi padha pamit mulih / bêngine sing padha nungsung / sadulur sing adoh-adoh //

besan saha nak putu / Karsatani sabrayat ya milu / kabèh padha ditêpungke ki undhagi / sing bèrbudi dhêmên tulung / ora nganggo mawang uwong //

minôngka sambèn lungguh / ngrungokake kojahe wong têlu / yèn ditata patute kêna dianggit / oraa diêmot buku / iya kanggo omong-omong //

sawise crita rampung / Kiyaine Karsatani sambung / kula nuwun kula ajêng anyambêti / lowung kangge imbuh-imbuh / kajêngipun mindhak gobyog //

nalika angkatipun / pun Wana nom nusul bapakipun / mawi mampir griya kula nilar sapi / sapriki sapine niku / têsih ontên ngrika mawon //

malah pun anak putu / kintên kula êmpun dados pitu / durung tutug rêmbugane Karsatani / Si Wana Sêtika sambung / calathune sajak notol //

prakawis lêmbu niku / kajêngipun têtêp wontên ngriku / kangge nyaur sambutan kula rumiyin / awit inggih yatra niku / sing marai dadi lakon //

[Iklan]

Karsatani sumambung / hla saiki aku milu untung / ingatase kelangan dhuwit saringgit / olèh ijol sapi pitu / tur jare dhuwite gopok //

ngrungu mangkono iku / kabèh nuli gêr-gêran gumuyu / jagongane kocap nutug ing sawêngi / esuke bubaran rampung / dhayohe pamitan ngaso //

barêng lan wêktu iku / ki undhagi pamitan kêsusu / wong saomah sire arêp anggendholi / sarèhne amburu prêlu / dadi kêpêksa rumojong //

mung muji wantu-wantu / muga-muga nêmua rahayu / seje dina wong sabrayat gênti tilik / kanggo tôndha sêtya tuhu / têkan ing batin gumolong //

anggone tilik mau / olèh-olèh sing luwih diprêlu / iya iku pêpanganan bêras krambil / kurang luwih pitung pikul / nganti katon ora ilok //

uwis ora dirêmbug / ana kana apa sing dirêmbug / kacarita barêng mulih padha mampir / mênyang toko tuku kacu / kacuthêl uwis dikêthok //

Tamat

Pawartos saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 318. Buku olah-olah, basa Jawi aksara Latin, wêdalan Bale Pustaka, samangke dèrèng dados. Manawi sampun rampung pangêcapipun badhe dipun wara-warakakên.

--- 1092 ---

Bab Kasarasan

Bab sêsakit edaning sêgawon (hondsdolheid)

Sambêtipun Kajawèn nomêr 69

Sanajan cobèn-cobèn tumrap dhatêng sêgawon sampun kenging kawastanan sae sangêt lan kula sampun pitados dayanipun lan angeram-eramakên, ewadene yèn tumrap dhatêng tiyang, ingkang kangge nyobi jampi serum punika kula taksih dèrèng mantêp, awit tiyang punika langkung agêng aosipun tinimbang kewan.

Sadangunipun ingkang sêpuh-sêpuh sami rêrêmbagan, pun Joseph Meister wau ngantuk, lajêng tilêm. Nyonyah Pasteur lajêng ngajak biyungipun supados anakipun dipun tilêmakên ing kamar tamu.

Ing wanci têngah dalu Marie kalihan Nyonyah Meister sampun sami tilêm kêpatos, Tuwan Pasteur wungu alon-alon lumêbêt ing Laboratorium, mêdalipun saking ngriku ambêkta prabot pompa (injectie spuit) kalihan jampinipun (serum) lajêng lumêbêt dhatêng kamaripun Joseph...

Enjingipun Tuwan Pasteur wungu kanthi kagèt dening dipun wungu ingkang garwa lumêbêt ing kamar pasareyanipun, undang-undang: Louis, Louis!

Annette sampun dumugi mangsanipun, sampun nyakiti. Dr. Le Clerc ingkang sampun sagah badhe nulungi sapunika sakit piyambak, dados kêdah enggal ngaturi dhoktêr sanèsipun, enggal Jean Martel

Tuwan Pasteur wungu sarta jumênêng, lan ngandika: Ora, Jean ora kêna ninggal tanggungane, dhèwèke kudu ana ing Laboratorium.

Marie: Jean punika rak inggih semahipun, punapa botên kenging nilar padamêlanipun.

Tuwan Pasteur nyakêti ingkang garwa: Jean nyambutgawe kaya aku, nulungi bocah kang lara ambêbayani iku. Wis ta aku dhewe tak ngundang dhoktêr.

Sanajan ing dintên wau kalêrês jawah, Tuwan Pasteur mêksa tindak ngaturi dhoktêr, ngantos klêbus dening toya jawah. Wontên ing margi tansah grêmêngan: Apa kêbênêran anggonku nulungi bocah kang mèh mati iku, môngka aku dudu dhoktêr, apa serum kang mustajab kanggo tômba asu iku bisa mitulungi uwong. Annette! anakku ênggèr, kapriye kowe, aku lagi golèk dhoktêr kang kêna diprêcaya, kang gêlêm rêrêsik tangane lan gêlêm anggodhog prabotane.

Dhoktêr-dhoktêr ingkang sampun dipun purugi kêkalih sami pinuju kesah papriksa tiyang sakit, kêtiganipun nuju sakit, ingkang nomêr 4 kesahan têbih. Môngka sampun sawatawis dangu anggènipun ngupados dhoktêr wau, manawi botên enggal pikantuk dhoktêr, têmtu kasèp. Kaping 5 kalêrêsan kamirêngan wontên suwara kreta lumampah, dipun tingali kreta dhoktêr lampahipun bantêr, Tuwan Pasteur sanalika pirsa yèn ingkang nitihi Dr. Charbonnet.

--- 1093 ---

Tuwan Pasteur lajêng anggêmbor: Charbonnet Charbonnet, kèndêl rumiyin, kula badhe matur prêlu sangêt.

Ing manah Tuwan Pasteur ngraosakên dene samantên susah tuwin awrating godha punapadene panyedanipun têtiyang, tumraping tiyang ingkang nindakakên samubarang ingkang badhe dados sae punika.

Sarêng lampahipun kreta kèndêl, Dr. Charbonnet lajêng dipun aturi mitulungi Annette anggènipun badhe anglairakên jabang bayi.

Sasampunipun Dr. Charbonnet wontên ing dalêmipun Tuwan Pasteur lajêng ngandika: Kula purun dhatêng dalêm panjênêngan punika namung saking manut tatakramanipun dhoktêr dipun purih mriksa tiyang ingkang sakit utawi tiyang èstri ingkang badhe manak, nanging yèn kula dipun prentah rêrêsik tangan tuwin prabot-prabot (instrument) kêdah sami dipun godhog dipun rêsiki rumiyin makatên punika, prasasat kula dipun wulang tiyang ingkang sanès dhoktêr, punapa kula lajêng manut kemawon.

Tuwan Pasteur matur: Kula nuwun, klayan sangêt mugi-mugi panjênêngan krêsa mitulungi anak kula Annette, murih kalêrêsan anggènipun badhe ngêdalakên jabang bayi, mila awon sae tuwin awrat ènthèng kula sumôngga ing panjênêngan...

Dr. Charbonnet kèndêl anggalih bab punika, wasana lajêng pinarak ing meja panyêratan, anyêrat verklaring:

Kula Louis Pasteur nêrangakên yèn papriksan bab sêsakit edaning sêgawon, botên mikantuki ingkang lêrês saha botên migunani satunggal punapa.

Wicantênipun Dr. Charbonnet: Kula badhe purun nêtêpi punapa pamundhut sampeyan, janji sampeyan kêdah karsa nôndha astani katrangan punika, sêratipun dipun thungakên dhatêng Tuwan Pasteur.

[Grafik]

Baksil sêsakit miltvuur.

Tuwan Pasteur kapêksa dening awrat dhatêng putranipun ingkang badhe nglairakên jabang bayi, sêrat dipun tampi lajêng ngasta pèn anôndha astani sêrat wau.

Dr. Charbonnet ngandika: Nuwun Tuwan Pasteur sapunika kula purun rêrêsik tangan lan anggodhog prabot potong (instrument). Manawi wulan ngajêng punika kula taksih gêsang, badan botên ewah saking dening serum sampeyan wau kula wênang damêl sêrat sêbaran kados ingkang sampeyan tandhani asta wau dhatêng para dhoktêr ing Eropah.

Badhe kasambêtan

R. Sumadirja, Ind. Arts. Sêmarang.

--- 1094 ---

Cariyos Kina

Dhusun ingkang wontên wêwalêripun

Dhusun Banjarsari, ondêr dhistrik Ambal, dhistrik Kuthawinangun (Kêbumèn) punika wiwit rumiyin mila botên kenging kadhatêngan ing priyantun ingkang sêdya anglampahakên padamêlanipun (padamêlan nagari), manawi botên angsal palilahing lurah dhusun. Dene bilih dhatêngipun ing ngriku namung prêlu dolan kemawon, inggih botên punapa-punapa. Tuwin sirikanipun malih, wontên ing ngriku botên kenging nêmbung nêdha: 1. jambu, 2. tênunan lurik, 3. sawung. Dene bibit sakawitipun wontên wêwalêr makatên punika, manut cariyosipun lurah ing dhusun ngriku, ingkang taksih turunipun ingkang damêl wêwalêr rumiyin, makatên:

Kacariyos ing jaman kina ing dhusun Kagungan (sapunika Banjarsari) wontên satunggiling tiyang tilas priyantun abdi dalêm ingkang nguwaosi dhusun ngriku, nama Radèn Kyai Somawana.

Radèn kyai sangêt gêntur pamêsuning budi, ing sêdya napakakên anakipun èstri ingkang sampun diwasa, anama Rara Mlathi. Sang dyah piyambak sangêt sêngsêmipun dhatêng kasutapan, dhasar sulistya ing warni, jatmika ing sêmu, sasolahipun sarwa mranani, wimbuh manis arum ing pangandika, botên anèh bilih lajêng dados têmbang kidungipun para jêjaka ing sakiwatêngênipun ngriku.

Ing alami-lami saking gêthok tumularing ginêm, pawartos wau ngantos dumugi ing praja, kapidhangêt ing panjênêngan nata ingkang ngasta pusaraning praja ing jaman samantên. Saking sangêt kapranan dening tumanduking pawartos wau, sang prabu sangêt kapencutipun arsa anguningani wartosipun sang dyah ingkang dados ojating nagari. Nuju satunggiling dintên dhawuh animbali abdi gandhèk kêkalih. Sarêng sampun sowan lajêng dhinawuhan punapa ingkang dados kaparênging karsa dalêm, amboyong Rara Mlathi.

Gancaring cariyos, caraka sampun dumugi ing dhusun Kagungan (Banjarsari), kapanggih Radèn Kyai Somawana. Sarêng sampun dipun jatosi punapa wigatosipun gandhèk wau, radèn kyai sangêt jumurungipun, nanging gacahgadhah. pamrayogi anantuna larenipun rumiyin ingkang badhe nglampahi. Cêkakipun Rara Mlathi inggih botên kawratan, nanging mawi aprajanji, bilih piyambakipun badhe tapa angluwang rumiyin, kangge pasêksèn kraos lan botênipun benjing wontên kraton. Manawi salêbêtipun kawan dasa dintên piyambakipun taksih wilujêng, pratôndha badhe kraos wontên ngrika, dene manawi botên, inggih botên.

Cêkakipun, Rara Mlathi lajêng tapa angluwang. Lêt pitung dintên malih, bênang ingkang kangge titikan kawontênanipun Rara Mlathi lajêng kadudut saking jawi, nanging... tanpa wangsulan. Radèn kyai sampun anggraita yèn anakipun nêmahi tiwas, luwang enggal kadhudhuk sarana dipun yêktosakên dening utusan kêkalih. Kados punapa kagètipun radèn kyai dalah utusan kêkalih, winoran ngungun, dene [de...]

--- 1095 ---

[...ne] luwang sampun kêpanggih kothong, Rara Mlathi musna tanpa lari. Sakala radèn kyai anjêngêr amêningi lêlampahan makatên, anjêgrêg mêgêr-mêgêr kados tugu sinukarta, dangu botên sagêd mocap. Saking sangêting nandhang duhkita, dening kapêdhotan sih katrêsnaning anak ingkang damêl woding manah, sanalika botên sagêd angampêt rudahing tyas, kasêsa angêdalakên ipat-ipat, inggih punika: sadaya priyantun ingkang anglampahakên wajibipun botên kenging dhatêng mriku, manawi botên angsal palilahing piyambakipun utawi turunipun. (Salajêngipun ingkang dados lurah ing Banjarsari sami turunipun Kyai Somawana). Tuwin botên kenging nêmbung nêdha: jambu, lurik lan sawung. (Sagêd ugi utusan kalih wau, rumiyin nêmbung nêdha makatên punika). Dene bilih wontên ingkang mêksa anêrak wêwalêr punika, têmtu amanggih sambekala.

Botên antawis lami ing luwangan tilas anggènipun tapa Rara Mlathi punika lajêng kathukulan wit waringin ingkang dumugi sapunika taksih gêsang sêgêr.

Sasedanipun Radèn Kyai Somawana, dalah saturun-turunipun sami kapêtak ing dhusun ngriku, dumunung sawingkinging kalurahan. Wondene utusan kalih kasêbut nginggil inggih ngajal ing ngriku, lajêng kapêtak ing panggenan sanès. (Botên kaeworakên kalihan radèn kyai).

Dene bab wêwalêr, punika miturut cariyos, manawi dipun trajang andrawasi.

Suwarsa. Ambal

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun para pandhu saking tanah ngriki nalika baris ngunjukakên ormat dhumatêng Sri Bagedha Maha RaputriRajaputri. pupanadenepunapadene. Sang Lord Baden Powell wêkdal pambikakipun jambore sadonya wontên ing Vogelenzang nagari Walandi. Ing ngajêng ingkang nyêpêng bandera Radèn Mas Darmara, pangarsaning pandhu saking Surakarta, kairingakên dening Tuwan G.J. Ranneft têtindhihing pandhu tanah ngriki.

--- 1096 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Sêpanyol

Kawontênanipun paprangan ing Sêpanyol ngantos kêsilêp dening wontênipun paprangan ing Tiongkok. Dene nyataning kawontênanipun taksih rame, malah tumrap ingar-ingêring lampah ingkang gêgayutan kalihan paprangan, pinanggih langkung muyêg.

Manawi ngèngêti wontêning nagari-nagari sanès ingkang sami tumut angêmori damêl, ngantos katingal nyilêpakên kawigatosanipun Sêpanyol piyambak. Kados ta tumrapipun Inggris, pamanahipun dhatêng pajagèn tata têntrêm ing papan paprangan tansah umindêng, ewadene tansah kêtrocoban ing sabab. Ingkang makatên wau Inggris kêpêksa nindakakên kasantosan, bètèng-bètèng ing Gibraltar lajêng dipun santosani, dipun pasangi mriyêm-mriyêm sami gagrag enggal, tuwin dilah-dilah sorot, punapadene pirantos kangge mirêngakên manawi wontên motor mabur dhatêng. Malah pajagèn ing ngriku wau botên ngêmungakên punika kemawon, ugi ngawontênakên wadya pilihan kathah. Mênggah wosipun, samôngsa-môngsa tuwuh paprangan, sampun sarwa sumadhia, dhasar ing ngriku punika satunggiling papan ingkang sarwa mikantuki, polatanipun ing lautan sagêd tumuju dhatêng pundi-pundi. Mila tumraping mêngsah, badhe rêkaos ngambah ing ngriku.

Tumrapipun Inggris, pangudinipun amrih sirêping paprangan sampun botên kêkirangan, nanging rêmbagipun tansah guyêng dèrèng wontên karampunganipun ingkang maton, kêpêksa tansah kêmoran rêmbaging sanès, môngka tumraping sanès wau, rêmbagipun kathah ingkang lèrèg dados jalaraning rame.

Ing sarèhning bab rukun sajakipun sampun angèl kalampahanipun, tuwin nyatanipun tansah wontên sabab-sabab ingkang tuwuh, mila Inggris lajêng gadhah tindak sêrêng, saha lajêng ngawontênakên parêpataning para kawogan ingkang inggil-inggil, ngrêmbag ing bab lampah layaran ing sagantên têngah, amargi lampahing kapal ing sagantên ngriku tansah dipun ganggu damêl. Ingkang punika parentah Inggris lajêng dhawuh pangagêng wadya lautan, samôngsa wontên kapal dagang Inggris dipun têmpuh ing kapal silêm malih tanpa pêpèngêt, kapal pêrang Inggris dipun wênangakên malês nêmpuh.

Ing bab pinanggihipun ing paprangan taksih ajêg rame, wadya kabangsan tansah ngangsêg dhatêng papan paprangan ngantos sagêd ngundurakên barisan mêngsah, malah lajêng sagêd angêbroki lênglêngkèhinglêlêngkèhing. parêdèn Puerto del Escudo. Pangrêbatipun golongan kabangsan dhatêng papan ngriku punika kanthi nêmpuhakên wadya mriyêman tuwin wadya gêgana sarana andhawahi bom anggêgirisi. Sasampunipun kêcêpêng punika, wadya kabangsan rumaos sampun pagêdsagêd. nyingkirakên pakèwêd ingkang ngalang-alangi lampah. Sarèhning golongan kabangsan nama manggih papan langkung mikantuki, lajêng gampil anggènipun ngangsêg dhatêng papan sanès. [sa...]

--- 1097 ---

[...nès.] Nanging tumraping wadya parentah malah saya mêmpêng anggènipun nanggulangi, dipun antêpi dumugi pêjah. Kawêkasanipun sagêd damêl karisakaning wadya kabangsan.

[Grafik]

Sêsawangan ing Gibraltar, dipun tingali saking gêgana.

Paprangan ingkang sampun kados makatên punika nama sampun sami waringutên, makatên ugi manawi sampun angsal dhadhakan badhe sagêd ngrêbat nagari, punika adhakan nuwuhakên tindak têgêlan. Kados ingkang pinanggih kala bêdhahipun kitha alit Reinosa, punika tumraping wadya parentah saksat botên gadhah kêkiyatan nanggulangi. Ewadene tumrap wadya ingkang jagi korining kitha sami kêncêng angêkahi, ingkang kawêkasanipun sami tumpês sadaya.

Jiwanipun ing ngriku punika padatan wontên 15.000, nanging sapunika namung kantun 2000. Sawanganipun ing kitha ngriku sakalangkung ngêrês-êrêsi manah, ing margi-margi kèbêkan mayit ambalasah, dêdamêl pating salêbar botên kantên-kantênan.

Kajawi punika wontên pabrik dêdamêl tuwin obat mimis ing saindêngipun Sêpanyol. Ing salêbêtipun paprangan punika, pabrik wau taksih ngadêg jêjêg, mila agêng sangêt pigunanipun. Nanging sarêng pabrik wau kêrêbat ing golongan kabangsan, ing sadèrèngipun sampun dipun risak dening wadya parentah piyambak. Tindak makatên wau inggih wontên awon tuwin saènipun, awonipun dene lajêng ngrisak satunggiling pakaryan ingkang mikantuki dhatêng praja, saenipun, dene lajêng kêpêksa nyuda dêdamêling paprangan. Nanging manawi ngèngêti paprangan punika botên badhe gampil sirêpipun, pinanggihipun inggih botên kirang jalaran ingkang dados lantaraning ngramèkakên.

Kawontênan ing paprangan ingkang pinanggihipun kados makatên, punika nama limrah bilih pinanggihipun namung badhe sarwa rame, awit satunggal-satunggaling golongan botên niyat badhe ngêndhoni.

--- 1098 ---

Pasar Gambir

I

Garèng : Wah, Truk, dêlêngên, gapuraning Pasar Gambir kathik kaya kuwih tar. Kae, lho, sing jênêngane konêngên krun, tur konêngên krun ... tèji.

[Grafik]

Petruk : Wadhuh, kathik kaya jaran diunèkake: tèji. Kang Garèng, saikine kowe lan aku iki padha macak gajah, dadi cara pyayi dêlês, nèk aruh-aruh ambok aja sêru-sêru, dêlêngên wong-wong padha nolèh mrene, daran-daranana kene mêngko rak mung mèmpêr karo pyayi bae. Têgêse: dadi dudu... pyayi. Ora, Kang Garèng, kok kadingarèn têmên, têka ana ing Pasar Gambir, kathik ora karo bakyu, apa saiki kowe wis... mênang.

Garèng : Nèk aku iki seje, Truk, wong iya kandhidhat... suwarga, êmoh nyang padon-padon kuwi, luwih-luwih nyang bojo sabisa-bisa kudu arêp tansah gawe lêganing atine bae. Mulane tumrape bakyumu, sing tak cêkêli iya unèn-unèn mangkene kae: sing kêna iwake, aja nganti buthêk banyune. Bukake Pasar Gambir iki, aku kêpengin nonton dhewe, amrih bisane kalakon, banjur tak tindakake mangkene:

Ana ing ngomah aku kôndha karo bakyumu: bune, bune, wèh, aku sênêng bangêt, mulane poma sapisan kiyi panjalukku nyang kowe turutana. Sapisan kiyi nèk kowe gêlêm mituruti panjalukku, cêkake: namaku mumbul. Kosokbaline yèn kowe ora miturui karêpku, wah, iya ajêg mung Mas Ngantèn Garèng bae. Lho, têrange mangkene, bune. Besuk bukak Pasar Gambir iki aku olèh ulêman, dadi dianggêp: ndara gêdhe kae, nanging anggonku olèh ulêman iki, sabênêre [s...]

--- 1099 ---

[...abênêre] mono katarik saka anggonmu dadi pêmimpin kumpulan wanita, jarene ana ing kana papan kanggo pêmimpin-pêmimpin iki wis disêpisalake (dipijèkake), tur ngegla bangêt. Wa - dhuh, nèk garwane aku lênggahe ngegla katon para panggêdhe-panggêdhe, mêsthine padha aruh-aruh: lho, sing brêgas lan kanjat kae rak: Mopro Nala, ta. Mara, apa jênêngku ora katut dadi kêmbang lambene para luhur. Tak kandhani mêngkono kuwi wangsulane karo nyêngap: êmoh, êmoh, aku dudu sapi, kathik arêp ditèntunsêtèlêngake, aku arêp ana ing omah bae. Ing batin atiku: ha - ha - hak, hure, nanging raiku tak gawe sajak ngênês bangêt kae, sarta banjur kôndha karo ngrintih mangkene: o, alah, bune, sapisan kiyi ambok turutana, yèn nganti kowe ora milu, aku rak iya kisinan bangêt, mulane... wis, ah, luwih bêcik aku tak nyang ngomah bae.

Ing batin aku rada dhêg-dhêgan, Truk, mêngko gèk kôndha: iya wis, nyang ngomah bae, ora prêlu lunga. Nanging jêbul ora, malah saya marah-marah, kandhane: apa, êmoh lunga, wong lanang gawene mung arêp gawe isin wong wadon bae, daran-daranana aku sing mênging, aku sing ngèlikake. Ora kêna ora mêsthi mangkat, hur. Hla, kuwi, Truk, karo tak mingsêk-mingsêkake aku banjur muni mangkene: iya karo kowe, ta, bune. Kuwi karo cêkak aos, bakyumu kôndha mangkene: ora susah kakehan omong, kowe mangkat dhewe, habis prêkara.

Petruk : We, hla mêtu kadigdayane, Kang Garèng, dadi cêkake, bakyu diapusi mêlèk-mêlèkan ane. Wis, wis, Kang Garèng, saiki wis têkan ing panggonan sing kanggo ambukak. Ayo, padha golèk papan lungguh.

Garèng : Wis, kono lungguha dhewe. Aku arêp golèk panggonan sing cêtha kanggo: ngotrèk.

[Grafik]

Petruk : (Garundêlan): Wèh, nyamari thok bae, Kang Garèng kae. Wong dhèwèke kuwi sok ora ngrêti duga prayoga. Mêngko gèk... hla, lidok...

Garèng : Dhiêm - dhiêm - dhiêm.

Petruk : Wis, cilaka têmênan, motrèt wong akèh, kathik dipadhakake motrèt wong siji loro bae nganggo ngabani. Mara, tuwan bêrgêmistêr anggone lèngsêng nganti lèrèn. Bokmanawa ngira yèn di... sêtop pulisi.

--- 1100 ---

Walandi jèjèripun: Sèh, mênir, itu orang siapah... bêtul-bêtul tidhak tau aturan.

Petruk : Wah, wong sayah jugak tidhak tau. Kênal-kênal iya cumah dhi sini sajah. Malah tadhinyah sayah kirah itu orang rada sakit kênclung...

Garèng : Sapa, Truk, sing kênclung...

[Grafik]

Petruk : Sêt, Lônda jèjèrku iki, wong sampanyê duwèkku jare ditênggak wani. Ora, Kang Garèng, anggonmu motrèt olèh pira, lan kira-kirane apa iya dadi.

Garèng : Anggonku ngotrèk rambah kaping nêm, Truk, nanging dadi utawa orane, hla, kuwi êmbuh. Wong-wonge obah-obah bae, karo manèh wong iya... ora ana pilême.

Petruk : We, hla, dadi anggone motrat-motrèt kuwi mau, mung kanggo gagahan thok bae. Lho, Kang Garèng, sajake wis rampung tata carane ambukak Pasar Gambir, tandhane wong-wong wis padha ngadêg kabèh. Lho, lho, èprèt-èprète wis labuh muni, arêp diwiwiti bêbarêngan kaliling ana ing papan Pasar Gambir. Ayo, Kang Garèng, padha milu.

Garèng : Nèk milu kliling aku ora mupakat, Truk, kang kapisan, lakuku mêsthine kithal. Sabab liya-liyane anggone padha mlaku, têmtune manut gêndhing, dadi nèk gêndhinge: tojing, tojing, tojing, lakune iya: thoprak, thoprak, thoprak, balik aku...

Petruk : Iya: kêtanting, grèk, kêtanting, grèk.

Garèng : Wis, ora susah nganggo ana candhake. Kajaba saka iku, Truk, kudu mêlas karo sing nyang ngomah, mulane klilinge, liya dina bae karo: mopro-mopro, saiki bêcike padha ngaso dhisik, kana bae lho, Truk, aja kuwatir, mêngko... aku bayarana.

Petruk : We, hla, ora gênah, kono sing ngajak, têka kene sing dikon ambayari. Karo manèh, Kang Garèng, ambok iya rada ngajèni karo sandhangane sêthithik, wong brêgas-brêgas mêngkene, kathik ngiras gadho-gadho.

Garèng : Lho, kuwi kang jênêng wong utama, Truk, aja dupèh wêton sakolahan nagara Lônda, utawa anggandhèng Nonah Mari, banjur lali sêga gudhêg.

Petruk : We, hla, kujur, têka banjur mêlèhake pêtarangane, iya, iya, ayo, timbangane mêngko padu, luwih bêcik tak turutane.

--- 1101 ---

[Grafik]

Tutupipun Jambore

Gambar ingkang kacêtha ing nginggil punika barisaning para pandhu wontên sangajênging Lord Baden Powell ingkang ing wêkdal punika mêdhar sabda ngadêg wontên ing papan inggil. Lord Baden Powell mêdhar sabda ing bab wigatosing jambore dumugi tutuping jambore. Ing nalika para pandhu wau mirêngakên wêdhar sabdanipun Lord Baden Powell wau, sadaya sami rumaos cuwa ing manah dene badhe pêpisahan, lan nguda raos: benjing punapa sagêdipun pêpanggihan malih.

Punapa malih sarêng Lord Baden Powell mêdharakên sabda: sagêd ugi panjênênganipun botên sagêd pêpanggihan malih kalihan para pandhu wau, jalaran angrumaosi yuswa sampun sêpuh (inggih punika yuswa 80 taun), para pandhu manahipun sami karaos-raos.

Gambar nginggil: barisaning para pandhu. Gambar ngandhap, nalika Lord Baden Powell mêmarmêdhar. sabda.

--- 1102 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Tiyang boyongan saking Ngayogya dhatêng tanah Sabrang. Tumrap Ngayogya, ing bab tumindakipun golongan tiyang boyongan dhatêng tanah Sabrang sampun tumindak. Wontên 60 kulawarga isi jiwa 213 kabidhalakên dhatêng paboyongan ing Selebês, 61 kulawarga isi jiwa 181 bidhal dhatêng Sumatra. Têtiyang ingkang sami boyongan wau sami angsal paringan pirantos têtanèn jangkêp saking Pêpatihdalêm.

Warga P.K.N. mudha ing Ngayogya. Dumugi wêkasaning wulan Juli 1936 warga P.K.N. mudha sampun wontên 4091, ingkang 202 èstri. Dumugining wulan Juli 1937 mindhak dados 8702, ingkang 2071 èstri, dados ing dalêm sataun wêwah 4611. Warga samantên wau saking bawah kabupatèn Ngayogyakarta wontên 1929, Bantul 2635, Gunungkidul 1503, Kulonprogo 2132 tuwin ing Adikarta punapadene Pakualaman 503.

Ama keyong ing Bêtawi. Ing bab wontêning ama keyong ing Bêtawi pinanggih mradini ing pundi-pundi. Ing bab punika gemeente ugi ngêmori damêl, asarana rekadaya pados keyong wau, sintên ingkang sagêd ngladosakên keyong, sabên saêblèg lisah pèt dipun sukani arta sabenggol. Dumuginipun sapunika dèrèng manggihakên rekadaya sanèsipun.

Inggah-inggahan tuwin ingsêr-ingsêran ing Jawi-Wetan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi-Wetan, tuwan Wijatmo, Aib. nindakakên padamêlan mantri kabupatèn ing Pasuruan, paresidhenan Malang, dados asistèn wêdana ing paresidhenan Surabaya. R. Soedardji alias Djojowinoto, wêdana dhistrik Bawean, kabupatèn tuwin paresidhenan Surabaya, dados wêdana dhistrik ing Papar, kabupatèn tuwin paresidhenan Kêdhiri. R. Arijadi Nitinêgoro, tijd. fd. regentschapssecretaris klas 1 ing Jêmbêr, paresidhenan Bêsuki, dados regentschapssecretaris klas 1 ing Jêmbêr, paresidhenan Bêsuki. R. Soemantri Adiprodjo tilas regentschapssecretaris klas 1 ing Jêmbêr, paresidhenan Bêsuki, dados wêdana dhistrik ing Timurlaut, kabupatèn Sumênêp, paresidhenan Madura.

Ingsêr-ingsêran tuwin inggah-inggahan ing Jawi-Têngah. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi-Têngah, R. Soegiri Soemobroto, wêdana dhistrik ing Brêbês, paresidhenan Pêkalongan, dados wêdana dhistrik ing Salatiga, paresidhenan Sêmarang. R. Soepadi, wêdana dhistrik Randudongkal, kabupatèn Pêmalang, paresidhenan Pêkalongan, dados wêdana dhistrik ing Brêbês, paresidhenan Pêkalongan. R. Mohamad Ben Tjokrowidjojo, wêdana dhistrik Bêlik, kabupatèn Pêmalang, paresidhenan Pêkalongan, dados wêdana dhistrik ing Pêmalang, paresidhenan Pêkalongan. R. Santoso Tjokrosonto, Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi ing Salam, kabupatèn Magêlang, paresidhenan Kêdhu, dados asistèn wêdana ing paresidhenan Kêdhu. M. Soedirgo, Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi Veldpolitie ing Pathi, paresidhenan Japara - Rêmbang, dados asistèn wêdana ing paresidhenan Sêmarang.

Commissie tumrap examên wêkasan ing Stovit ing Surabaya. Tumrap examên wêkasan ing Stovit ing taun pêngajaran 1937-1938 Surabaya sampun miji commissie: Tuwan R.J.F. van Zeben, pangarsa. Warganipun: Dr. J. Eggink, J.M. Klinkhamer, M. Knap, Dr. A.J. Slot. wd. directeur C.B.Z. mulang geneesmiddelleer, Dr. H. Mulder, medisch leeraar ing Nias, kawajibakên mulang babagan pathologische anatomie, Dr. H.W. Lubberhuizen, medisch leeraal, kawajiban mulang babagan anatomie, Dr. J. Harkink, medisch leeraal Nias, dipun wajibakên mulang babagan algemeene chirurgie tuwin I. Thal Jantzen, apotheker C.B.Z. kawajibakên mulang babagan recept.

Paargyan jumênêngan Sultan ing Deli. Ing bab paargyan mèngêti jumênênganipun Sultan ing Deli sampun kalampahan kabikak kala ing dintên Sabtu kêpêngkêr, dipun urmati ing mriyêm. Ingkang anjênêngi ing kadhaton wontên tiyang 500. Residhèn anjênêngi, minangka wêwakildalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana.

Pêtêng jalaran arta f 10.-. Ing dhusun Tanjung, Kedungtuban, Cepu, wontên tiyang nama pak Rah mêntas nyade lêmbunipun pajêng f 25.-, arta samantên wau ingkang dipun sukakakên ingkang èstri namung f 15.-, ingkang f 10.- warni arta kêrtas, dipun rimati piyambak kadèkèk wontên sangandhaping gêlaran. Wusana anakipun ingkang sawêg umur 4 taun sumêrêp arta wau lajêng dipun pêndhêt saha dipun uwèk-uwèk. Bapakipun sarêng sumêrêp bab punika lajêng kêsupèn, anakipun dipun sabêtakên ing saka, sanalika tiwas.

Bata badhe ngêdêgakên pabrik wontên ing tanah ngriki. Ingajêng wontên raosan, bilih parentah badhe damêl pabrik sêpatu wontên tanah ngriki, samantên wau manawi botên wontên babadan partikêlir ingkang badhe ngêdêgakên. Ing sapunika wontên wartos bilih Bata gadhah sêdya badhe ngêdêgakên pabrik sêpatu wontên ing tanah ngriki. Sanadyan sêdya punika dèrèng wontên wartosipun ingkang umum, nanging wontên wartos bilih ing sapunika sampun mêling mêsin-mêsinipun saking Tsjecho-Slowakije. Salajêngipun wontên wartos bilih badhe ngangge punggawa kathah, nanging pandamêling barang mawi dipun watêsi. Pabrik wau badhe kaêdêgakên wontên ing Jawi-Têngah.

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana badhe têdhak Bantên. Wontên wartos, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana badhe anjumênêngi ajar-ajaran nglêpasakên mriyêm ing kapal pêrang, nitih kapal Rigêl. Dumugining tanggal 4 Sèptèmbêr têrus mandhap ing Mêrak. Saking Mêrak têrus têdhak ing laladan Bantên nitih auto. Wontên ingriku badhe mriksani barang-barang kina ing Bantên punapadene patilasan-patilasan kina. Têdhakan punika kapetang namung lêlancaran, kawiwitan saking Mêrak mêdal Pandheglang, Rangkasbitung tuwin Jasinga lajêng dhatêng Bogor.

Gemeente ing Bêtawi kêpêksa ngicalakên arta f 69.000,-. B. en. W. sampun usul dhatêng Gemeenteraad ing Bêtawi, tumrap panagihipun Gemeente dhatêng panggaotan-panggaotan tuwin dhatêng sêkolahan-sêkolahan tuwin sanèsipun ingkang têtela sampun angèl, supados dipun icalakên kemawon. Arta wau wontên f 69.000.-.

Pamulangan luhur pêngadilan. Lulus candidaatsexamen perangan kapisan, Nonah C.L Beerschorst. Lulus candidaatsexamen perangan kaping kalih, Tuwan Hidajat. Lulus doctoraalexamen perangan tiga, Tuwan-tuwan Loa Wan Leng tuwin J.P. Cochlovius.

EROPA

Pogokan ing Polên. Ing Polên wontên pogokaning golongan tiyang tani, dangu-dangu lajêng tumular dados umum. Ingkang mogok wau golonganing tani bêrah, lawanan kalihan ingkang suka padamêlan. Pangagêng nagari sampun tumindak ngrukunakên ingkang sami pasulayan. Tuwin wontêning pogokan punika njalari rêrêgèning têtêdhan dipun watêsi. Rêgining mêrtega tuwin glêpung gandum sampun mindhak 40%.

Pêthal anggènipun supêkêtan. Miturut wartos parentah Portugal sampun mêthalakên anggènipun sêsambêtan rêmbag kalihan Tsjecho-Slowakije, tuwin sampun akèn wangsul utusanipun ingkang wontên ing Praag. Mênggah ingkang dados jalaranipun, ingajêng Portugal aprajanji tumbas sênjata dhatêng Tsjecho-Slowakije, saha sampun kalampahan, nanging ing sapunika wontên prasabênipun Tsjecho-Slowakije, bilih bab sade makatên punika botên kenging, jalaran gêgayutan kalihan paprangan ing Sêpanyol.

--- 1103 ---

Wêwaosan

II. Lêlampahanipun Dhobrinya

8

Ing kala punika Dhobrinya kèngêtan dhatêng pêpèngêtipun ingkang ibu, sarta lajêng mangrêtos, bilih pangandikanipun wau botên ngayawara kados pangintênipun, pancèn wontên pikajêngipun ingkang wigatos. Dhobrinya mawas dhatêng mêngsahipun ingangkangingkang. gêgirisi saha ingkang ing kala punika kêkitêr wontên ing awang-awang kados garudha badhe nglayang, saking agênging naga wau ngantos adamêl pêtênging papan ngriku. Sakala punika Dhobrinya angrumaosi têmtu botên badhe kuwawa ananggulangi naga punika, amila ing batos sampun botên acipta gêsang. Ewasamantên piyambakipun botên nêdya ngatingalakên aliting manahipun, kosokwangsulipun malah asêsumbar makatên:

He, naga lêlêthêking jagad, kowe aja guru-guru anjagakake yèn mêsthi bakal bisa ngalahake aku. Yèn kowe wis bisa nyêkêl aku, kowe lagi bisa ngumukake marang apêsing awakku. Mungguhing saiki Dhobrinya durung ana ing panguwasamu.

Sasampunipun cariyos makatên wau, Dhobrinya lajêng nyilêm mangandhap. Ing sarèhning piyambakipun punika pintêr sangêt ngêlangi, katingalipun anjêdhul malih sarêng sampun wontên ing pinggir. Salajêngipun Dhobrinya nuntên enggal-enggal mêntas saha lumajêng nuju dhatêng papaning kapal tuwin panganggenipun prajuritan wau.

Ing batos Dhobrinya angunandika makatên: Yèn aku bisa tumêka ing kono andhisiki naga kae, kiraku aku bisa slamêt.

Dhobrinya lumajêng rêrikatan, nanging sarêng dumugi ing papan ingkang dipun tuju wau, rencangipun jalêr, kapalipun, punapadene panganggenipun prajuritan sampun botên wontên ing ngriku. Dhobrinya abêngok-bêngok nimbali abdinipun, nanging botên pikantuk wangsulan. Jalaran, kala abdi jalêr wau sumêrêp wontên naga kêkitêr ing awang-awang, saking kagètipun, kapal tuwin anggèn-anggèn prajuritan tumuntên enggal-enggal kabêkta lumajêng wangsul dhatêng Kiyèf.

Ing sakawit pun naga katliwêng jalaran Dhobrinya ujug-ujug botên katingal, nanging botên watawis dangu lajêng sumêrêp malih. Ing kala punika nêpsunipun kagila-gila, dene mangsanipun mèh kemawon sagêd oncat. Pun naga lajêng ngêdalakên latu pintên-pintên saking cangkêmipun ingkang kadhawahakên dhatêng Dhobrinya, ngantos anjalari badanipun Dhobrinya sami gosong-gosong.

Dhobrinya nolèh mangiwa manêngên, bokmanawi sagêd amanggih barang punapa-punapa, ingkang sakintên kenging kangge pirantos anglawan krodhanipun pun naga. Awit mênggahing pamanggihipun Dhobrinya, botên kenging botên ing wusananipun kêmtutêmtu. tiwas dening naga, mila namung badhe pasrah jiwa raga kemawon, nanging sasagêd-sagêd inggih badhe anglawan kanthi sakiyatipun, prêlunipun sampun ngantos ing têmbe pun naga gadhah gagasan, bilih kalanipun Dhobrinya katêmpuh, namung pasrah tanpa wontên panglawanipun babarpisan.

Naga murugi ngantos cakêt, ngerang-erang dhatêng Dhobrinya anggènipun tanpa pangangge tuwin tanpa dêdamêl wau, sarta sakêdhap-sakêdhap nyêmburakên latu dhatêng sariranipun satriya punika, ingkang anjalari sariranipun sakojur pating dlêmok sami gosong. Mênggah sêdyaning naga botên badhe tumuntên mêjahi pun Dhobrinya, namung badhe sênêng-sênêng ningali anggèning mêngsahipun kamigilan tanpa daya rumiyin. Sasampunipun, botên beda patrapipun kadosdene kalihan para satriya sanès-sanèsipun, Dhobrinya lajêng badhe katêlale saha kaangkat kabêkta dhatêng ing guwanipun. Wontên ing ngriku niyatipun pun naga, Dhobrinya lajêng badhe katlikung, ngantos dumugi ing pêjahipun. Mênggah pikajêngipun naga, salajêngipun badhe mêlèhakên ingkang mêca, bilih pêjahipun ing têmbe jalaran saking Dhobrinya, manawi pamêcanipun wau dora, Dhobrinya botên sagêd amêjahi pun naga, malah kosokwangsulipun: Dhobrinya dhawah ing panguwasanipun pun naga.

Salêbêtipun makatên punika Dhobrinya piyambak inggih mangrêtos, bilih piyambakipun dipun damêl dolanan dening naga, botên beda kadosdene tikus ingkang sawêg kangge dolanan dening kucing. Mênggah tumrapipun Dhobrinya piyambak, ingkang adamêl ngênêsing manahipun, punika botên sabab anggèning badhe pinêjahan dening naga, namung jalaran saking anggènipun babarpisan botên anggadhahi kêkiyatan kangge anglawan mêngsahipun wau.

Ing salêbêtipun wontên ing bêbaya ingkang samantên agêngipun wau, Dhobrinya namung angunandika makatên: aku rumasa luput bangêt, dene aku ora manut miturut apa dhawuhe ibu, ingatase aku ora kaparêng adus ana ing kali Pusai iki, têka mêksa tak lakoni bae. Saiki tiba ukumane anggonku ora ambangun-turut mau. Mungguhing aku sanyatane, ora gêtun dene bakal tumêka ing tiwas, sing tak gêtuni dene aku kudu mati sarana dalan kang asor lan nistha bangêt, yaiku: tiwas jalaran ditêlale utawa dikêmah-kêmah ing naga, kewan rêrêgêding jagad.

--- 1104 ---

Ing salêbêtipun Dhobrinya anggagas makatên wau, dumadakan sumêrêp barang mancèrèt gumlethak wontên ing siti. Barang wau inggih punika: kudhung ngangrangan waja, ingkang ing sêmu, jalaran saking kasêsanipun abdi anggèning tumuntên lumajêng, barang wau lajêng katilar wontên ing ngriku. Dhobrinya lajêng enggal-enggal mêndhêt kudhung wau saha lajêng kaisenan pasir ingkang wawratipun kirang langkung kawan dasa sanga kilo. Kudhung ngangrangan waja punika wawratipun pancèn inggih sampun anglangkungi, mila sarêng kaisenan pasir samantên punika, tamtunipun inggih saya awrat malih. Tumrapipun Dhobrinya kudhung wau inggih kenging kangge pirantos ananggulangi mêngsahipun. Tanpa taha-taha Dhobrinya lajêng anêmpuh pun naga, sarta sarana kudhung ngangrangan wau naga lajêng kagêbag têlalenipun, ngantos têlale tiga-tiganipun pisan sami tugêl dhawah ing siti. Gêbagan ingkang kaping kalih ngengingi gêgêripun, ngantos naga wau dhawah ing siti, prasasat tanpa daya malih. Kanthi trêngginas Dhobrinya nyandhak tênggokipun naga mawi tanganipun kiwa, salajêngipun sarana tanganipun ingkang têngên, êndhasipun naga tiga pisan badhe katigas mawi dêdamêl kudhung ngangrangan waja wau, nanging ing kala punika naga lajêng ngrintih andhêku-dhêku nêdha ngapuntên, sarwi wicantên: dhuh, Dhobrinya, bocah bagus, bocah kêndêl lan prawira, aku ngapuranên, dene aku kumawani ngrêridhu nyang kowe. Sanyatane ora ana gawene babarpisan saupama kowe matènana aku, bêcik aku uripana bae, lan sabanjure aku prasêtya nêdya dadi sadulurmu sinarawèdi. Nanging poma panuwunku nyang kowe, aja pisan-pisan kowe têka ing guwa papan padununganaku, lan aku iya nêdya prasêtya salawas-lawase ora bakal aganggu gawe para kawulane praja Ruslan kene, mangkono uga aku prasêtya, sabanjure aku ora bakal arêp milara wong kang tanpa dosa, sarta anggondoli para satriya marang guwaku. Kajaba iku, sabanjure aja nganti kowe lan aku nganti pasulayan, malah bisaa urip kaya sadulur kang tunggal bapa lan biyung.

Ing sarèhning Dhobrinya punika taksih anèm, wah malih kirang jêmbar wawasanipun, amila inggih lajêng pitados kemawon dhatêng wicantênipun naga wau. Saha lajêng anyagahi salami-laminipun dados sadhèrèkipun sinarawèdi. Dene mênggahing pun naga inggih anyagahi sadaya ingkang dados panêdhanipun Dhobrinya. Salajêngipun naga nuntên kaluwaran, sarta botên watawis dangu inggih lajêng mabur dhatêng ing awang-awang. Nanging aburipun naga botên lajêng nuju dhatêng guwanipun, kadosdene ingkang dados panêdhanipun Dhobrinya, nanging malah ngênêr dhatêng Kiyèf.

Wontên ing sanginggiling kitha kasêbut nginggil, naga wau lajêng kêkitêr wontên ing awang-awang ngupados kurban. Ngantos dangu botên katingal satunggal-tunggala tiyang ingkang langkung ing margi, awit ing wêkdal punika, mèh sadaya tiyang, jalaran saking bêntèring hawa, sami ngupados papan ingkang asrêp-asrêp, dados manawi botên wontên ing salêbêting griya, inggih ngupados papan asrêp ing sangandhaping wit agêng sapanunggilanipun. Ing kala punika niyatipun naga sampun badhe cêngkelak wangsul nuju dhatêng guwanipun, nanging dumadakan sumêrêp wontên satunggiling kori gêdhong kina kabikak, saha botên watawis dangu wontên satunggiling kênya ingkang saklangkung endah ing warni, mêdal saking ngriku, kairit ing tiyang èstri sawatawis. Sadaya wau sami nuju dhatêng patamanan, ingkang dunungipun wontên ing sapinggiripun lèpèn Nyèpêr. Mênggah sajatosipun kênya kasêbut nginggil, botên sanès kajawi: Dèwi Pujatisna, sadhèrèkipun nak-dhèrèk Sang Prabu Wladhimir. Dene krêsanipun sang dèwi, kanthi kadhèrèkakên para abdinipun tindak dhatêng patamanan wau, nêdya badhe ngenggar-enggar panggalih sarta siram wontên ing lèpèn Nyèpêr.

Kados alap-alap nyambêr dara, naga wau enggal-enggal sumiyut nyandhak sang putri, saha lajêng kagondhol kabêkta mabur. Saking kagètipun, para abdi sadaya kadosdene kamitênggêngên, emutipun malih sarêng naga wau sampun têbih sarta botên katingal ing mripat malih. Salajêngipun sadaya para nyai wau lajêng sami awawan tangis angaru-ara tanpa wontên pêdhotipun. Saking ramening tangisipun para nyai wau, para panakawan tuwin para palados lajêng sami murugi mriku, lan botên watawis dangu malih, ingkang rama sang putri piyambak, kanthi kadhèrèkakên para satriya sawatawis, ingkang ing wêkdal punika dados tamunipun sang pangeran, miyos ing jawi. Sadaya wau sami tumênga ing nginggil, sarta sami nyumêrêpi lampahipun naga ingkang kêthap-kêthap mèh botên katingal, nuju mangilèn. Ing kala punika para nyai-para nyai sagêdipun inggih namung pating brêngok tuwin tangis ngayawara kemawon. Dene para tiyang jalêr ingkang sami wontên ing ngriku, mangrêtos, manawi sami botên sagêd tumandang punapa-punapa, kajawi namung lajêng sami kèndêl andhêkukul kemawon. Dene ingkang rama, sakêdhap-sakêdhap nyandhak pêdhangipun, nêdya kaunus kadosdene badhe anêmpuh mêngsah, samantên mênggah dukanipun. Nanging ing wusana inggih lajêng mupus, awit mangrêtos, yèn mokal saupami sagêda nututi lampahipun naga, sarta sagêdipun mitulungi putranipun ngantos sagêdipun luwar saking panguwasanipun naga. Ing wusana sang pangeran, tanpa ngandika punapa-punapa lajêng lumêbêt ing dalêm, sarta botên miyos-miyos malih, jalaran saking ngraosakên gênging sungkawanipun.

Badhe kasambêtan.

--- 133 ---

Nomêr 34, Taun II.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, Juru pangripta: Rr. Siti Mariyam. Kawêdalakên sabên Rêbo.

Anyuda Kathahing Lalêr, Sukur Sagêd Nyirnakakên Babarpisan.

Lalêr... asih mring sawarnaning bêbangêr.

Pangandikanipun Prabu Krêsna dhatêng para Pandhawa: Hèh yayi kadang ingsun, mungguh patine arinira yayi Dèwi Srikandhi lan yayi Arya Drêsthajumêna, iku wus masthi bae dahat dadi sungkawanira lan sungkawaningsun. Ananging prayoga padha pinupus, jêr wus dadi karsaning Bathara. Mungguh bakal patine si para durhaka kang anyidra, Aswatama sasakuthune, iku ing têmbe bakal kalakon dening wayahira, kang saiki lagi ana ing kandhutane putranira Si Otari. Minôngka paukumane para durhaka iku: yitmane bakal katitisake marang sakalir kang asih mring bêbangêr.

Makatên kirang langkung pangandikanipun Prabu Krêsna ingkang kasêbut ing Sêrat Bratayuda, nalika sariranipun angimur-imur para Pandhawa.

Punapa lalêr punika titising salah satunggiling yitmaning durhaka ingkang kenging ipat-ipatipun Bathara Krêsna. Amargi sami-sami kewan alit, lalêr punika asih sangêt dhatêng sawarnining bêbangêr.

Ewadene ingkang kula sagêd matur inggih punika ing bab ribêdipun dhatêng manah manawi pinuju usum lalêr dhatêng andêrbala. Para putri sadaya bokmanawi sampun ngalami.

Lalêr dasanan, atusan, ewon, bayak-bayakan dhatêng anggêbèl, ngrubung têtêdhan, mencok ing piring, mencok ing prabot pawon, angrêgêdi, anyukêri, anjêmbêri samukawis ingkang dipun gêpok utawi dipun senggol, gumrêmêng, gumrênggêng, brêngêngêng, angèbêki talingan. Wah, inggih pancèn ngrisèni saèstu dhatêng pandulu tuwin dhatêng pamirêng. Tur botên namung cêkap samantên kemawon pamunasikaning lalêr dhatêng tiyang. Cobi lajêng kagaliha, ing bab ama anggung dados bêbaya agêng, bêbaya ingkang rintên saha dalu tansah angancam kasarasan.

Bêbaya ingkang tuwuh saking lalêr botên kênging kasapèlèkakên, inggih punika anggènipun dados sarana amradinakên panularing sêsakit warni-warni, kados ta: tipês tuwin ambêbucal rah

--- 134 ---

umbêl. Sampun ta, pantês manawi sêsrawungan kalihan lalêr punika dipun têbihna sangêt.

Mila inggih sampun lêrês manawi kula sadaya sami anggrêgut ambudidaya nyirnakakên lalêr. Emanipun pangangkah punika lôngka sagêdipun kalêksanan. Dêstun sagêdipun namung nyuda kathahipun kemawon.

[Grafik]

Lalêr-lalêr dalah tiganipun.

Sampun têmtu isarat ingkang ôngka satunggal kangge nêbihakên lalêr inggih punika: rêsikan. Ing dalêm, ing pawon, langkung-langkung panggenan simpênan-simpênan têtêdhan utawi bumbon-bumbon, kêdah ingkang sarwa rêsik gumrining. Sisa-sisa têtêdhan, keceran saking meja dhahar, rêrêgêd saking pawon, lan sasaminipun, botên kenging tlecak-tlècèk ing pundi-pundi, malah kêdah dipun singkirakên ingkang mapan, kabucal ing papan pambucalan ingkang sampun kasudhiyakakên, sarta sasagêd-sagêd katutupana, supados botên dados pasabaning lalêr. Prakawis punika mêsthinipun para putri sampun pirsa sadaya. Makatên ugi ing bab rekadaya nutupi têtêdhan mawi kawat ngangrangan, lawon waring, lan sasaminipun, têmtunipun inggih sampun sami pirsa.

Ing mangke ingkang badhe kula aturakên, ing bab wawasan rekadaya sanès sawatawis, pêthikan saking kalawarti Berliner Tierarztliche Wochenschrift, bokmanawi wontên ingkang karsa nyobi. Sanajan isarat-isarat punika kawrat kalawarti ing Jêrman, ananging sarèhning lalêr Jêrman punika inggih lalêr, dados têmtunipun inggih botên têbih sangêt sungsatipun kalihan lalêr ing tanah ngriki, mila kula gadhah pangajêng-ajêng, bokmanawi rekadaya wau sagêd ugi kacobi ing tanah ngriki.

A. Pratikêl anêbihakên lalêr.

Kados dèrèng dados sêsêrêpan umum, manawi lalêr punika karêmênanipun saba ing panggenan ingkang padhang (sumilak padhang), kosokwangsulipun sêngit dhatêng panggenan ingkang padhangipun namung rêmêng-rêmêng. Wêwatêkan punika lajêng dados ular-ular pambudidaya: anêbihakên lalêr.

1. Ing panggenan-panggenan gêdhong, lan sasaminipun, ingkang pancèn kangge sadhiyan simpênan barang-barang ingkang umumipun dipun rêmêni sangêt dhatêng lalêr (daging, ulam loh), prayogi manawi soroting pêpadhang ingkang anjog ing ngriku dipun alang-alangi supados namung dhawah rêmêng-rêmêng.

2. Manawi rekadaya ing nginggil punika jalaran saking sabab-sabab sanès botên sagêd katindakakên, prayogi pagêripun gêdhong wau kaêcèt utawi kalabur biru.

Badhe kasambêtan.

R.A. Harsana, Pasuruan.

--- 135 ---

Wêdharing Gagasan Manah Anggêmèni Dhatêng Darbèkipun Piyambak.

Sampun nate kaandharakên wontên ing jagading wanita ngriki, manawi anggêmèni wêdaling balônja pawon, awarni uwos sajimpit brambang bawang sapanunggilanipun, kalêmpakipun sagêd amujudakên barang ingkang botên sakêdhik rêginipun. Punika kula golongan wanita sakalangkung anggatosakên sangêt, sasagêd-sagêd badhe dipun sinau saking sakêdhik sagêdipun kalêksanan saprêlunipun. Amargi peranganipun anggêmèni kalihan ambucali, punika gampil ambucali. Ing ngriku punika manawi sampun dados panggulawênthah ambucali, manawi sumêrêp priyantun ingkang rêmên anggêmèni, ing batos sampun botên nayogyani. Kosokwangsulipun manawi ingkang rêmên dhatêng anggêmèni, sanadyan sampun nêtêpi tumindak kados ing nginggil, ing batos taksih dèrèng marêm, jalaran tansah anggunakakên piyambak, sampun ngantos katalompèn anggènipun andhatêngi pawon, ing raos kadugi anggôntha manawi badhe dhahar dipun kasèpakên, sakintên dèrèng luwe sayêktos, inggih dipun êntosi saluwening padharanipun, dangu-dangu sagêd manggèn makatên, saya wêwah-wêwah indhaking simpênanipun. Awit bêbasan kina sampun kêrêp dipun ngandikakakên: aja mangan yèn durung krasa luwe, aja turu yèn durung krasa arip. Punika manawi sagêd anggulawênthah saking sakêdhik, badhe maedahi sadayanipun.

[Grafik]

Rara Sukapti.

Dene ingkang têrang paedahipun, dhahar ingkang sampun kasèp punika, balônja pawon ingkang sakêdhik sangêt bêtahipun, sagêd kadhahar kalayan tuwuk saha eca raosipun. Tumrap dhatêng sare, manawi anggènipun mapan sare sampun karaos arip, paribasan angglundhung saênggon-ênggon kemawon, sampun sakeca sangêt.

Malah lacutipun badhe ngajari nyambutdamêl sêsadean, botên badhe anjôngka kathah pawitanipun, nanging ingkang dipun pilih supados nyumêrêpi bêbathèn ingkang wujud kalih tiga angsal sabribil, punika manawi sampun sagêd anggatosakên, badhe anindakakên kaborosan, sampun ajrih saking kajêngipun piyambak, jalaran sumêrêp arta sabribil wau, pêndhêtan saking barang kilakan ingkang kathah wujudipun, wêkasan gêsangipun botên kêkirangan têdha, kasêmbuh saya wêwah-wêwah barang darbèkipun, punika manawi sagêd dipun tindakakên, anocogi kados pamanggihipun: Sukapti.

--- 136 ---

Bab Dhêdhaharan

Punika kula ngaturakên karangan bab rêsèp dhêdhaharan Walandi sawatawis, inggih punika warnining rêsèp kados ing ngandhap punika.

1. Sêpèkuk

Mêrtega ½ pun, gêndhis pasir 1 pun, glêpung gandum 1 pun, jêne tigan ayam 40 iji, pêthakipun kapisah kaublêk ingkang ngantos wat. Bubukan pala 2 sendhok alit, bubukan cêngkèh 2 sendhok alit, bubukan manis jangan 4 sendhok alit.

[Grafik]

R.Ngt. Pujirah

Dene pandamêlipun kados ing ngandhap punika:

Mêrtega kaublêk ingkang ngantos pêthak, yèn sampun gêndhis dipun dèkèkakên dipun êwor ingkang wradin, glêpung gandum kaworakên saking sakêwik,sakêdhik. bilih sampun radin kadekekan jêne tigan 40 iji, pandèkèkipun saking satunggal rumiyin kalihan kaublêk alon-alon, pala, cêngkèh, manis jangan kacampurakên, manawi sampun radin lajêng pêthaking tigan kacampurakên ingkang wradin, bilih sampun rampung pandamêlipun abên-abênan, nuntên sadhiya cithakan kaosèr-osèrana mawi mêrtega, lajêng kadekekan jêladrenan ing nginggil wau 1 irus agêng, nuntên dipun pan, latu ngandhap nginggil ingkang sami. Manawi sampun katingal jêne nèm lajêng kawêwahan jaladrèn malih 1 irus agêng, latu ingkang ngandhap dipun pindhahakên, kakantuna ingkang urut pinggir sakêdhik, makatên salajêngipun ngantos têlasing jaladrèn, nanging pambakaripun ingkang ngatos-atos sampun ngantos gosong. Manawi sampun matêng warninipun jêne sêmu abrit (sumringah). Pandhaharipun kagêm ngunjuk wedang.

2. Botêrbisyês (Boterbiesjes)

Glêpung gandung 1 pun, gêndhis pasir ingkang alus ¾ pun, mêrtega ½ pun, toya mawar 2 sêsendhok alit, pandamêlipun abênan kados ing ngandhap punika:

Glêpung kauworan gêndhis alus ingkang wradin, mêrtega, toya mawar dipun dèkèkakên dados satunggal kalihan abênan kasêbut nginggil wau, nuntên kaulêt dados satunggal ingkang wradin, manawi sampun ragi lêmês lajêng kagilês gèpèng ing têlênan, kandêlipun sanyari, pangirisipun miring.

Manawi sampun, katata ing loyang, loyang dipun usar-usari ing mêrtega rumiyin sakêdhik, lajêng kabakar ing pan ingkang ngantos jêne, yèn sampun matêng asrêp kawadhahan ing lodhong, kagêm ngunjuk wedang.

R. Ngt. Pujirah.

--- [1105] ---

Ôngka 71, Stu, Pa 28 Jumadilakir Ehe 1868, 4 Sèptèmbêr 1937, Taun XII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Barang Dolanan Lare - Ngingah Ulam ing Wadhah - Kawontênan ing Tiongkok - Pasareyanipun Ki Agêng Pêtung - Plêsiran wontên ing Pasar Gambir - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman bocah.

Pangungsêt

Radèn Sumantri

Kalangkunganipun Radèn Sumantri punika pinanggih wontên ing wawasan sampun botên nguciwani, manawi dipun pêndhêt bakunipun kemawon, bêtah tapa, ingkang pikantukipun sagêd nuwuhakên kasêktèn, dhasar gadhah dêdamêl linangkung, inggih punika sanjata cakra, ingkang kawasanipun anggêgirisi, botên wontên titahing dewa ingkang kuwawi nadhahi dêdamêl wau.

Ing ngriku Radèn Sumantri rumaos bilih sariranipun sampun sagêd saha nyêkapi suwita ing ratu, awit tiyang suwita ratu punika awrat, kêdah sêtya, prawira, guna tuwin sanès-sanèsipun.

Gêgambaranipun Radèn Sumantri ingkang samantên wau, tumraping kabatosan, kenging dipun lèrègakên dhatêng adêging bêbudèn sae. Bêbudèn sae makatên kenging dipun wastani sampun kèbêkan kasêktèn. Manawi dèrèng dipun wawas bablasipun, kalangkungan dumugining kasêktèn, pancèn inggih sampun marêmakên, tuwin inggih sampun limrah tiyang kadhawahan wahyuning kasêktèn punika agêng dayanipun, sintêna kemawon badhe takluk, awit dhawahing wahyu kasêktèn, inggih awrat tumbasanipun.

Nanging manawi mirid dêdongengan punika, kasêktèn punika badhe nglantur, badhe nglajêng-nglajêngakên panguwasanipun. Inggih punika nalika Radèn Sumantri katampèn suwitanipun dhatêng Prabu Arjuna Sasra, sarêng sumêrêp Prabu Arjuna Sasra badhe nglurug dhatêng Magada, lajêng mêdal umbakipun, nyuwun kadutaa. Radèn Sumantri dhasar sêkti, panyuwunipun inggih kaparêngakên, saha lajêng sagêd ngrampungi damêl yêktos.

Ing ngriku wataking kasêktèn saya andadra, sarêng sampun angsal damêl lajêng ngayoni ratu gustinipun ingkang ngutus. Lah ing ngriku urubing kasêktènipun Radèn Sumantri lajêng ambalêrêt tanpa daya, cêthanipun lajêng kasoran daya, dèrèng nyamèni kasêktènipun Prabu Arjuna Sasra.

Bab punika manawi dèrèng dipun gagas panjang, tamtunipun lajêng namung anggondhèli dhatêng kajênging kasêktèn, punapaa athik sêktinipun Prabu Arjuna Sasra ngawonakên kasêktènipun Radèn Sumantri.

Ing sapunika prayogi ngèngêti rumiyin bab Radèn Sumantri wau. mênggahing kajêng, kabatosan punika mawi sap-sapan, wajibipun kêdah ngrêtos, badanipun piyambak punika dipun takèni, manggèn wontên ing sap pundi.

Cêkruktruna.

[Iklan]

--- 1106 ---

Kawruh Sawatawis

Barang dolanan lare

Ing tanah ngriki ingkang amiwiti wontên: speelgoedbedrijf ingkang ragi agêng lan dêdamêlanipun sampun kawêntar ing môncanagari namung ing kitha Kêdhiri piyambak, ingkang angadani inggih punika kumite pênolong pangangguran Kêdhiri, dene ingkang dados pangarsanipun dumugi wulan Januari taun 1937, panjênênganipun Patih Kêdhiri ingkang wêkdal sapunika jumênêng bupati ing Nganjuk, Radèn Tumênggung Prawira Wijaya. Lan wiwit wulan Mèi ingkang dados pangarsa panjênênganipun Patih Kêdhiri sapunika. Dene ingkang jumênêng pangayoman, ingkang Bupati Kêdhiri.

[Grafik]

Songsong damêlanipun para neneman ing Kêdhiri.

Dêdamêlan wau ingkang kathah sami katumbas dening toko-toko agêng ing Surabaya, kados ta toko Onderling Belang, Eerste Speelgoedwinkel in Ned-Indie J. Bonga lan sanès-sanèsipun, lan ugi wontên ingkang kasade dhatêng Banjarmasin. Anggènipun wiwit andamêl songsong inggih punika ing wulan Agustus taun 1936. Dêdamêlanipun songsong kalêbêt sae lan kiyat, katôndha saking pêpajênganipun, dene rancangan-rancanganipun C.P.P.K. ingkang badhe dipun adani inggih punika: andamêl griya-griya (huizenbouw) kados ing kitha Surabaya, lan dêdamêlan bangsaning tosan (ijzerbewerking) kados ingkang wontên ing kitha Lumajang. Ing têmbe para tiyang-tiyang ingkang sampun sami sagêd andamêl songsong badhe kapurih andamêl ing griyanipun piyambak-piyambak, supados sagêda dados huisindustrie. Wiwit adêging C.P.P.K. inggih punika ing taun 1932 lan dumuginipun sapriki tansah pikantuk pitulungan saking nagari lan saking Hoofdcomite.

Ing bab dolanan lare, punika pinanggihipun wontên ing tanah ngriki ugi sampun dangu wontênipun, nanging wujudipun taksih kuciwa sangêt, tuwin katingalipun dipun sade yêktos, punika namung kalamôngsa manawi nuju wontên karamean. Môngka karamean punika pinanggihipun wontên ing jaman rumiyin taksih lôngka sangêt, sanadyan wontêna ingkang ajêg, inggih namung sataun sapisan, upaminipun manawi ing Surakarta tuwin Ngayogyakarta nuju sakatèn.

Dene wujuding dolanan wau: cina nambur, golèk jènggèl, golekan kajêng, binetan sapanunggilanipun. Barang-barang dolanan wau kenging dipun wastani ajêg kados makatên, namung pinanggihipun wontên ing padhasaran, lajêng dipun wor kalihan [kali...]

--- 1107 ---

[...han] barang dolanan warni-warni wêdalan saking tanah ngamônca. Mila pinanggihipun ing ing sabên taun saya katingal indhaking barang-barang dolanan ingkang gagrag enggal, inggih punika ingkang wêdalan saking tanah ngamônca.

Kajawi papan karamean wau, pinanggihipun kala jaman samantên, tumraping golongan tiyang siti taksih lôngka sumêrêp papan panyadean wau. Awit ingkang sade barang kados makatên wau namung ing toko-toko.

Dangu-dangu kêbêkta saking kamajênganing jaman, barang dolanan wau katingal bilih dados satunggiling padagangan agêng. Sukur dene bôngsa tiyang siti ugi lajêng mangrêtos.

Mirid sêdyaning C.P.P.K., punika sagêd ugi tindakipun wau sagêd dados jalaran kamajêngan yêktos.

Pawartos saking Rêdhaksi

K. 2545 Surakarta. I nalurèkna kados cara ingkang sampun, gadhah atur dhatêng ingkang wajib. II punika prayogi nêrangnga dhatêng pamulangan, awit tamtu wontên sababipun.

Tuwan K.S. ing Purwakêrta. Karangan panjênêngan punika sampun ragi umum, tuwin sampun wontên ingkang kawêdalakên dados buku.

P.S. ing Madiun. Karangan bab kados makatên punika sampun nate kawrat ing polêk almênak.

K. 2205 ing Têgal. Karangan babagan makatên punika prayogi kadamêl ingkang ragi panjang, supados katingal pigunanipun.

Tuwan W.S. ing Purwapuran, Surakarta. Karangan prayogi kakintuna.

K. 2777 ing Amontai. Ingkang dados baku dhiplomanipun saking pamulangan têngahan.

K. 3271 ing Purwakêrta. Ingkang sade toko buku Kolff ing Batawi, basa Walandi.

K. 1367 ing Gendhol. 1 sampun kaprasabênakên. 2 dèrèng wontên, 3. dèrèng wontên, 4. prayogi kintun sêrat dhatêng Radèn Mas Partawiraya, ing Surakarta.

[Iklan]

--- 1108 ---

Ngingah Ulam ing Wadhah

Pinanggihipun wontên ing tanah Jawi, ngingah ulam wontên ing wadhah punika kalêbêt dados kalangênaning bôngsa luhur tuwin bôngsa sugih. Wontênipun makatên, amargi ngingah ulam wontên ing wadhah punika kathah waragadipun, tuwin kathah padamêlanipun, ingkang maligi namung kangge ngopèni ulam wau.

[Grafik]

Sela karang ingkang adhakan kadèkèk ing wadhah ulam ingahan.

Mênggah sababing awis, awit wadhahipun maligi wadhah ulam akaca kandêl wêtahan, rêginipun ngantos dasanan rupiyah. Makatên ugi ulamipun inggih asli saking tanah ngamônca, nanging limrahipun kala samantên namung warni satunggal, dipun wastani wadêrkok, inggih punika bangsaning ulam awak bundêr, sisik jêne, abuntut saha kèpèt panjang, asli saking tanah Jêpan. Dene ingah-ingahan ulam kados makatên punika sampun pinanggih kala sangang dasanan taun kapêngkêr. Salajêngipun botên kocap malih.

Sarêng gangsal tauan sapriki, ngingah ulam cara makatên wau lajêng ambyah dados kasênêngan, mèh sabên tiyang sami gadhah kasênêngan kados makatên, nanging pinanggihipun botên dangu, têtiyang ingkang ngingah sampun sami bosên. Môngka manawi mirid ombyaking ngakathah anggèning sami rêmên wau, ngantos ngeram-eramakên, awit pinanggihipun sagêd adamêl kamajênganing panggaotan, utawi sagêd suka têdha dhatêng tiyang kathah. Mênggah nalar-nalaripun makatên:

Ing kala sawêg rame-ramening tiyang ngingah ulam, kathah tiyang ingkang dados sudagar ulam, asli andhatêngakên saking tanah ngamônca, saking Eropah, saking Amerikah tuwin saking Asiah. Ulam wau warni-warni sangêt, rêginipun sajodho ngantos sarupiyahan, minggah-minggah ngantos wontên ingkang rêgi salangkung rupiyah.

Kados sampun limrah, kasênêngan punika ngantos nyupèkakên dhatêng ajining arta, tumrap tiyang ingkang sagêd tumbas ulam ingkang rêginipun awis, malah sênêng, makatên ugi tumrap ingkang sumêrêp, inggih namung kumêcêr.

Miturut cariyosipun sudagar ulam, bêbathènipun [bêba...]

--- 1109 ---

[...thènipun] anggèning sadean wau ngantos ewon-ewon. Dene bakunipun ingkang dipun dagang: ulamipun wadhah, têdha tuwin tanêman ingkang dipun tanêm wontên salêbêting wadhah. Dagangan sadaya wau kenging dipun wastani maligi dipun sade piyambak, tumraping tiyang sanès botên sagêd nindakakên, awit sadaya mawi kawruh, dados botên sagêd sakenging-kengingipun, kados ta bab wanguning wadhah ingkang sagêd damêl saening gêsangipun ulam, kêdah mawi ukuran makatên, têdhanipun kêdah ingkang nocogi tuwin maedahi kalihan gêsanging ulam, makatên ugi tanêmanipun, kêdah ingkang damêl kraosing ulam.

[Iklan]

Manawi tiyang nyumêrêpi dhatêng patrap-patrapipun tiyang ngingah ulam, lajêng mangrêtos bilih pangingahipun wau mawi kawruh. Mila tumraping ngingah ulam punika pinanggihipun wontên ing tanah ngriki lajêng nama kawruh enggal.

Bakunipun tiyang ngingah ulam punika kêdah tlatos tuwin titi, inggih talatos tuwin titinipun wau ingkang lajêng nuwuhakên kawruh jalaran saking nênitèni. Malah wontên sudagar ulam ingkang cariyos: tiyang ngingah ulam punika kathah waragadipun, amargi sagêdipun mangrêtos yêktos dhatêng cara-caraning ngingah, manawi sampun paham dhatêng wêwatêkaning ulam, môngka patrap mahamakên wau sampun tamtu nêlas-nêlasakakên arta, dening ulam ingkang dipun ingah kathah ingkang pêjah. Sagêdipun têntrêm tuwin awèt gêsangipun, pinanggih manawi sampun kulina.

Cariyosipun sudagar ulam ingkang makatên punika botên dora, awit sadaya wau sajatosipupsajatosipun. mawi dhêdhasar kawruh ingkang tuwuh saking pangudinipun para sagêd, tuwin tumrapipun ing tanah ngamônca pinanggih dados satunggiling kawruh adi. Katingaling nyatanipun bilih ngingah ulam punika gêgayutan kawruh yêktos, punika sagêd katitik ing kalaning wontên tèntunsêtèling ulam (ngingah ulam) tuwin nyumêrêpi pangingahipun bôngsa ngamônca, punapa malih maos buku-bukunipun.

Badhe kasambêtan.

H.

--- 1110 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Tiongkok

Dumugining wêkasanipun wulan Agustus, paprangan ing Tiongkok pinanggih saya rame, ing têlênging kitha Nanking dipun têmpuh ing wadya gêgana Jêpan, anjalari kathah kêbêsmèn, wontên bom sakawan ingkang anjalari kêbêsmèning los agêng-agêng isi kuli-kuli, wontên kuli kawan dasa anêmahi tiwas. Motor mabur ingkang nêmpuh ing ngriku punika wontên kalih wêlas, andhawahi bom sawidak rambahan. Rahayu dene pangêbomipun wau botên sapintêna anggèning damêl karisakan, saha lajêng tumuntên kenging kasirêp, malah Tiongkok sagêd angsal bela tiyang kalih ingkang andhawahakên bom, tiwas dening motor mabur pambujêng Tiongkok.

[Grafik]

Margi agêng ing kitha Syanghai ing wanci dalu.

Sêrênging panêmpuhipun wadya Jêpan punika ngantos adamêl karepotanipun wadya Tiongkok, awit panêmpuhipun wae ngêgèt, tujunipun ing golongan Tiongkok sampun adhêdhasar kasantosan. Saupami botên makatên, nagari ingkang dipun têmpuh wau tamtu nêmahi karisakan agêng.

Ing sapunika tumrap ingkang pinanggih ing Syanghai, wadya Jêpan ingkang nêmbe minggah ing dharatan lajêng ngêbroki papan ingkang mikantuki saha lajêng ngangsêg mangidul. Barisan Jêpan ing suwiwi sisih têngên, sarêng kêsusul ing wadya bêbantu lajêng ebah ngangsêg saha sagêd ngêbroki ing papan-papan ingkang wigatos, sagêd mêdhotakên barisan Tiongkok. Makatên ugi wadya Jêpan ingkang minggah dhatêng dharatan mêdal sungapaning lèpèn Yangse lajêng sagêd nunggil kalihan wadya bêbantu ingkang nusul kantun. Mirid kawontênan punika, nyata panêmpuhipun wadya Jêpan botên nguciwani.

Nanging pangintên ingkang kados makatên punika botên nyata kalihan kawontênanipun, awit tumraping wadya Tiongkok tansah langkung prayitnya tuwin langkung mirantos, samôngsa wontên mêngsah nêmpuh sampun sarwa botên nguciwani, malah kalampahan sagêd nanggulangi pangêpanging mêngsah, kawêkasanipun wadya Jêpan kêpêksa mundur, malèsèd botên anocogi tangguh. Wontênipun botên cocog ing tangguh wau, botên sanès jalaran saking anggèning wadya Tiongkok sampun sarwa mirantos, dados atêgês saebah-osikipun Jêpan,sampun dipun rumiyini.

--- 1111 ---

Malah salajêngipun tumrap wadya Tiongkok ingkang golongan enggal tuwin kapetang kiyat, ingkang pacak baris wontên sauruting margi sêpur Syanghai - Nanking ing laladan Taosong Kungsan, sami bidhal badhe nalabung wadya Jêpan sisih kilèn.

Tumraping wadya Jêpan, ingkang kapetang dados gêgambèning ulah paprangan, ugi botên kêkilapan dhatêng gêlaring mêngsahipun wau. Ing ngajêng sawarnining tindak panêmpuh dipun adani dening wadya gêgana lautan, nanging sarêng sumêrêp dhatêng glibêting mêngsah langkung santosa, lajêng ngangkatakên wadya gêgana dharatan. Makatên ugi sanadyan tindakipun Jêpan punika botên kasêmbadan, ugi mêksa nama angsal damêl, dening sagêd angregoni dhatêng tindakipun Tiongkok anggènipun badhe nyantosakakên barisan wontên ing ngiku.

Manawi mirid kawontênaning paprangan ing Tiongkok sagêdhagan punika, ing ngriku katingal, bilih kagunan pêrang ing ngriku sampun sarwa wêgig, sami botên kêkilapan dhatêng gêlar, dene ingkang nyata langkung ngêgèt, punika ingkang pinanggih ing golongan Tiongkok, kenging dipun pindhakakên bilih paprangan ing sagêdhagan punika kadosdene pandadaran. Mila Tiongkok katingal sarwa tatag tuwin sagêd anglairakên basa, namung sarwa kêdugi anampèni gêlaripun Jêpan. Malah Tiongkok kêdugi nyumbari, bilih pasulayan punika Tiongkok badhe mênang tanggon, awit mênang blabag, tamtunipun waragading pêrang badhe langkung sakêdhik tinimbang Jêpan, ingkang dhatêngipun ing ngriku kêdah sarwa rowa. Wontênipun Tiongkok gadhah pangrantam punika, botên sanès jalaran sampun saya mindhak diwasa tuwin sampun matêng pangrantamipun.

[Iklan]

Kados sampun pinasthi bilih paprangan punika badhe rame, punika kêtitik sarêng kawontênanipun ing papan paprangan saya ngangsêg, Ruslan kêpêksa cawe-cawe, namung tindakipun dèrèng katingal ngêblak. Miturut wartos, ing sapunika Ruslan badhe kintun motor mabur dalah juru ingkang nglampahakên dhatêng Tiongkok. Dene tindakipun Ruslan wau mawi aling-aling supados botên katingal ngegla, sarananipun, para juru nglampahakên motor mabur wau kapêndhêtakên bôngsa Monggul, Buryat, Tionghwa tuwin Koreah, ingkang sami sinau wontên ing Ruslan. Kajawi punika Ruslan ugi nyagahi badhe kintun bêbantu sanèsipun.

Nanging mênggah salugunipun, tumrap Ruslan pancèn botên mawi tèdhèng aling-aling anggèning nêdya têtulung dhatêng Tiongkok, amargi sayêktosipun Ruslan nyamarakên dhatêng pangangsêgipun Jêpan, manawi ngantos dumugi laladan Baikal (laladan Ruslan) badhe ambêbayani tumraping Ruslan, botên sande badhe damêl kapitunan.

--- 1112 ---

Cariyos Kina

Pasareyanipun Ki Agêng Pêtung

Ing dhusun Dayu bawah ondêr dhistrik Pacitan, kaprênah sakidul wetanipun kitha Pacitan, kirang langkung saking kitha têbihipun 2 pal, ing ngriku wontên masjidipun padhusunan kawêngku dening kyai bôngsa miridakên ngilmu tarekat, ing sawingkinging masjid wontên pasareyanipun, têtiyang ing Pacitan sami mastani yèn pasareyan wau, pasareyanipun Kyai Agêng Pêtung, nanging manawi kacêlukipun saking môncanagari, ing ngriku punika pasareyanipun Sunan Gêsêng. Pundi ingkang lêrês, kula botên sagêd ngaturi katrangan. Dene ing sapunikanipun pasareyan wau wontên wilalatipun, botên kenging dipun sowani dening para priyantun ingkang taksih ngasta padamêlan, tur ingkang bôngsa abritan. Malah tumrap para priyantun ing Pacitan ingkang asli, sampun malih sowan ing pasareyanipun, kok puruna, ambok malêbêt ing dhusunipun kemawon sampun ajrih. Amargi saugi priyantun malêbêt ing dhusun ngriku, sok kathah sandhunganipun anggèning cêpêng damêl. Sampun dilalah lajêng kathah sawanipun.

Awit saking kula mirêng gotèking têtiyang kados makatên wau, kula lajêng nlusur pados dêdongenganipun. Sawênèh saking sêsêpuh ing kitha Pacitan andongèngakên babading pasareyan wau, kula cathêti kados ing ngandhap punika:

Ing jaman kina wontên satunggiling tiyang dhusun ingkang padamêlanipun andèrès kalapa, kadamêl gêndhis, sabên mènèk badhe andèrès, mawi rêngêng-rêngêng kangge nylamur supados botên ngraosakên sayahipun, dene rêngêng-rêngêngipun: klonthang-klanthung, wong dèrès akalung bumbung...

Ing satunggiling dintên tabe-tabe Paduka Sunan Kalijaga (Sunan Lèpèn), pinuju tindak sacêlaking griyanipun tiyang wau, sarêng mirêng rêngêng-rêngêng kados makatên wau, lajêng kèndêl ing margi alit, nimbali tiyang ingkang andèrès wau, sasampuning sowan, lajêng dipun dhawuhi makatên: yèn tinimbang kowe rêngêng-rêngêng kaya mêngkono iku, bêcik rêngêng-rêngêng kang migunani, tur luwih kapenak dirungokake, sarta yèn kêbênêran mêngko ênggonmu andèrès harak bisa dêrês, bumbungmu bisa kêbak-kêbak.

Cêkaking criyos, paman dèrès lajêng kawêjang amal-amalan dikir napi isbat, lan salawat Nabi dening Kangjêng Sunan Kali, kadhawuhan tansah kangge rêngêng-rêngêng kalihan sambèn andèrès, minôngka gêntosing rêngêng-rêngêngipun piyambak wau. Paman dèrès nyandikani, sarta wiwit ing dintên punika lajêng ngèstokakên dhawuhipun kangjêng sunan, sarta kangjêng sunan têrus anglajêngakên tindakipun.

Kocapa, sarêng enjingipun, paman dèrès mêndhêti bumbungipun, kraos gêmèndhêl, awratipun tikêl tinimbang adat sabênipun. Ing batos agêng sangêt manahipun, jêr rumaos anètèsi dhawuhipun kyai ingkang pêparing wulang wau. [wa...]

--- 1113 ---

[...u.] Sarêng anggèning ngandhapakên deresan wau sampun angsal kawan bumbung, lajêng kabêkta mantuk kapasrahakên dhatêng ingkang èstri, supados kagodhog, dene piyambakipun wangsul ing paderesan malih, badhe ngandhapakên sanèsipun.

[Iklan]

Kocapa, sarêng ingkang èstri ngêsok lêgèn ingkang saking lakinipun wau, sangêt kagètipun, manahipun tab-taban (andharodhog) jalaran bumbung wau isi jêndhêlan jêne, botên isi lêgèn, sanalika anjêlih nguwuh-uwuh ingkang jalêr. Ingkang jalêr sarêng mirêng panjêlihipun ingkang èstri wau, sangêt kagètipun, lajêng enggal-enggal mandhap saking wit kalapa, têrus mantuk, sarwi pitakèn: Ana apa, ana apa. Ingkang èstri lajêng anêdahakên bilih bumbung sakawan ingkang katampèn wau, botên isi lêgèn, nyatanipun isi jêne jêndhêlan. Ingkang jalêr sarêng nyumêrêpi kawontênan kados makatên wau, sakala lajêng kagugah manahipun, nêdya puruhita dhumatêng kyai ingkang mêjang rêngêng-rêngêng wau. Ucapipun: Wis êmbokne, iki mas paringing Kang Maha Kawasa, minôngka sandhang panganmu lan anak-anakmu. Dene aku lilanana lunga saka kene anggolèki kyai. Sêdyaku suwita salawase.

Paman dèrès lajêng kesah gêgancangan, angancas ing radinan satindakipun Kangjêng Sunan Kalijaga. Samargi-margi tansah nguwuh-uwuh: Kyai, kula aturi ngêntosi, kula niyat andhèrèk ing sampeyan, kyai.

Sarêng lampahipun dumugi ing samadyaning wana gung, anggèning nututi paman dèrès wau sagêd kacandhak. Paman dèrès lajêng ngaturakên kawontênan sapêngkêripun kyai, sarta ing mangke piyambakipun kaparêng botên kaparênga, badhe andhèrèk puruhita ing panjênênganipun. Kangjêng Sunan Kali lajêng dhawuh: Dina iki anggonmu niyat andhèrèkake salakuku, iya wus ingsun tômpa, nanging samêngko kowe lerena ana kene bae dhisik, aja pisan lunga saka kene nganti sabaliku mrene manèh. Paman dèrès nyandikani, lajêng andhodhok kalihan nancêpakên têkênipun awujud dêling pêtung.

Badhe kasambêtan.

Lêngganan ôngka: 1466.

--- 1114 ---

Plêsiran wontên ing Pasar Gambir

I.

Mak Kamprèt : Pakne, ênjênêngan sing ana ing ngarêp, wong wis kaping pindho le mriksani, dadi têmtune iya wis rada apal.

Petruk : Lho, bune, nèk wong lanang sing mlaku ana ing ngarêp, kuwi didêlêng rak ora pantês, mêngko rak diarani wong gunung. Nèk cara priyayi kuwi, sing putri ana ing ngarêp, sing kakung ana ing buri, prêlune bisa ngawat-awati, yèn ana wong arêp sêmbrana barang, kene sing dadi wong lanang bisa mênthêlêng...

Garèng : Bênêr, Truk, yèn wong lanang kudu mlaku ana ing buri, dadi wong lanang bisa wêruh sing wadon mèsêm... karo sapa.

Biyang Nala : Apa, apa, wong lanang ngomong kathik anggêre mêtu bae. Apa iya rabi... tlèdhèk, kathik sêmono butarêpane.

Petruk : Lho, bakyu aja kaliru tômpa. Kang Garèng kôndha kaya mangkono kuwi, ora kok butarêpan mêngkono. Nanging umume wong lanang kuwi sok panglingan, lan sok ora mikiran. Saka anggone ngêmatake le nonton, kadhang-kadhang sok ora wêruh kônca utawa sobat, banjur ora aruh-aruh. Hla, banjur sok diarani: gêdhe mustakane, utawa: anjothak. Seje karo wong wadon, umume sok migatèkake bangêt nyang mitra, mulane lagia repot dikaya ngapa, iya wêruh bae. Kang iku pancèn iya bênêr yèn wong wadon kudu mlaku ana ing ngarêp, wong lanang ana ing buri ngulat-ulati sing wadon bae. Dadi kanggone wong lanang gampang. Ing sarèhne mung ngulat-ulati sing wadon, kèri nurut sing wadon bae, anggêre sing wadon: pringis, sing lanang iya: pêcêngis, ngono bae, sabab kuwi tôndha kêpêthuk mitra.

Garèng : Wah, bênêr bangêt omongmu kuwi, Truk, mula iya nyata, wong wadon kuwi waspada lan dhêmên migatèkake nyang apa-apa, buktine: hla wong nunggang motor sliringan karo motor liya, iya banjur bisa bae ngarani: sing nunggang motor kae klambine sidhêpowal, suwênge ular mata barliyan, alise anjalirit... cukuran, nanging anjangan lodhèh kurang santêne,... kurang waspada.

Petruk : Wiyah, wiyah, iki arêp wêlèh-wêlehan sing iya-iya, apa arêp nonton Pasar Gambir. Wis, bakyu, ora prêlu digalih omongane Kang Garèng, mundhak nyêpêt-nyêpêti wong arêp nonton bae. Saiki lakune mangiwa bae, mubêng nganti kêmput. Bêcike luwih dhisik padha lumaku ing bango Economische Zaken. Ing kono padhasarane barang-barang gaweyane wong bumi. Ayo, padha mlêbu.

Mak Kamprèt : Bakyu, bakyu, môngga lho pun priksani mênika. E, dadi wong gawe payung kuwi ngono. Adhuh, adhuh, adhuh, pintêre ora jamak, le anggambari mothane kuwi kathik ora nganggo pola, mung awangan bae. Pakne, pakne, aku kok dhêmên andêlêngake payung sing kuning kae, kêmbangane turut pinggir, têka le manis têmên, wah, mendah brêgase, [brêg...]

--- 1115 ---

[...ase,] yèn kabênêr dina Minggu, dianggo plêsir-plêsir ana ing kêbonraja ing Bogor.

Petruk : Nyêbut ta, bune nyêbut, kowe kuwi wis olèh dhêklomah, ora prêlu ngudi sing moncèr-moncèr, anggêre aku wis narima bae, rak wis cukup, bune.

Garèng : Bênêr, Bune Kamprèt, omonge bojomu kuwi. Dhuwur-dhuwuring dhêklomah tumrape wong wadon, kuwi wis kêna kok gayuh, yaiku dhêklomah kang awujud: Petruk kuwi, arêp ngarah apa manèh. Ha êmbuh, nèk banjur ana gagasan modhèrên: nèk wong lanang ora nyênêngake atiku, tak tinggal, ora kurang wong lanang liya-liyane.

Biyang Nala : Mêsthi, ta, jaman saiki, kok wong lanang arêp kakehan prêtèngsèng, têrimah kasih, sèh, aluwung ora kawin nyambutgawe toh isih payu, tur bisa sakarêp-karêp. Jaman malèsèt saiki wis kêpungkur, ora kurang pagawean kanggo wong wadon, kaya ta: klèrêk kantor pos, jipro tilpun, jipro toko...

Garèng : Ora payu-payune, iya mlêbu... kêthoprak.

Petruk : Hara, kok banjur rame mêngkono. Wis ayo saiki padha dibanjurake anggone mubêng.

Garèng (rêngêng-rêngêng) : Dhu - wa - lolo - lo, lo, lo lolo - ing, thing gêntak, dhublêng, dhublêng, ging...

Petruk : Wayah, Kang Garèng kiyi sajake têka le sênêng. Sêmune ora kêna babarpisan ngrungu gêndhing: Clunthang, Kang Garèng kuwi iya banjur andadak bae têtêmbangan, sarta...

Biyang Nala (nolèh) : Tobat, tobat, uwong kathik le mung arêp gawe isin thok bae. Tak arani rak iya mung rêngêng-rêngêng thok, jêbul tangane mèlu pating kêthuwêl, sikile ngêntrak-ngêntrak, kathik ora lali anggone pacak gulu. Arêpa jêjogedan kae, ora mundhak bagus, ora mundhak luwês. Malah kaya wong edan. Ngrêti - ngrêti - ngrêti.

[Grafik]

Garèng : Wèh, nganti lali nyang purwa duksinane, iya ngapuranên bae, bune, wong iki mau aku cara Landane rada: bêsêmèt (kêtularan) nèk-nèke. Lagine ana ing ngarêp, aku wêruh pirang-pirang nyonyah-nyonyah Lônda lan nyonyah-nyonyah Jawa padha ngrubung panggonan musik. Barêng musike wiwit diunèkake: thèthèt thiyèt, trètèt, trètèt, jing, jing, jing, lho kuwi para nyonyah-nyonyah Lônda lan nyonyah-nyonyah Jawa, kuwi akèh sing bokonge dijlêntrit-jlêntritake. Sikile

--- 1116 ---

dikêthêplêk-kêthêplêkake, sajak nikmat bangêt kae, lho, kuwi kok iya ora ana sing nyaru. Balik aku, mung lampah sêkar bae, wis ana sing ngrawus.

Petruk : Ha iya seje, ta, Kang Garèng, adat tata carane bae, bangsane dhewe lan bôngsa Walônda rak beda bangêt. Tumrape bôngsa Jawa, dianggêp utama, yèn bisa nutupi susah lan sênênging atine, balik bôngsa Walônda, kuwi blaka suta, sênêng susah iya dikatonake.

[Grafik]

Garèng : Apa kae iya nyonyah Walônda. Nèk andêlêng wujud lan panganggone, kaya-kaya kae nyonyah... prawira wisatha.

Petruk : Wiyah-wiyah aja kêbanjur-banjur mêngkono, ta, Kang Garèng, lho, kae rak jênggêrênge sing bangsane dhewe, nanging atine rak wis satus prêsèn nyonyah, rumasane.

Mak Kamprèt : Môngga, bakyu, lajêng. Lho, mênika panggenan jogèd Bali.

Biyang Nala : Wah, dhi, ayo padha nonton, aku iya wis kêrêp krungu sing diarani legong. Nanging durung tau wêruh dhewe. Mas, mas, mas.

Garèng : Rungokna, Truk, bakyumu kae banjur mas mès, gênah ana sing dimelikake.

Petruk : Wayah, Kang Garèng kuwi panampane le sok ala bae. Yèn bakyu dhong kaya ngono kuwi, kudu kok timbangi, malah yèn bisa bok ungkuli anggone andêmênakake.

Garèng : Cêkakane, padha totohan bae, sing kalah kudu nraktir ing tongtonan sing arêp dilêboni. Dadi nèk nyata bakyumu ora duwe melik apa-apa, mlêbu ing tongtonan apa-apa, aku sing bayar. Dene nèk kosokbaline, kowe sing bayar, bagus - bagus. Kowe ngundang aku, bune, ana apa, iya.

Biyang Nala : Mas, mas, galo legong Bali, apik bangêt, mriksani, ya mas.

Garèng : Bêcik, bune, ka - sir, bêli karcis, ampat.

Petruk : Wis, ma - tik, aku, gênahe diapusi urip-uripan, ing sarèhne wis kalah jangji, iya tak traktir.

Biyang Nala : Wah, hla kok wis wiwit. Ayo, lênggah-lênggah kene bae. Wadhuh, jogède kathik cikat lan rongèh têmên.

Mak Kamprèt : Mênika, bakyu, pêthaning jogèdipun: Ni Limbur saking Hhaha...

Biyang Nala : E, dadi mêngkono. Hara, apa mèmpêr kae lho, dhi hla kok jêbul jogedan dhewe nglètèr mêngkono, isin aku, ayo, mêtu bae.

--- 1117 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

Tanah ngriki

Bangsa Arab ingkang dados sabab. Ing Malang wontên bangsa Arab jalêr èstri cacah 19, têtiyang sadaya wau wontênipun ing tanah ngriki miturut anggêr kêdah kawangsulakên, ananging tumrap nagari-nagari Arab sami botên purun nampèni, mila kêpêksa dados tahanan ngêntosi praja pundi ingkang badhe purun tampi.

Pamulangan luhur dhoktêr. Lulus candidaatsexamen perangan kapisan nonah-nonah Gouw We Lie Nio., M.A. Hoeroestiati. R.M.W. Kamarga tuwin tuwan-tuwan Gan Hang Ngo, Gan Koem Han, R. Hanito Wiknjosastro, R.A.N.S. Kamarga, Khouw Pok Goan, Lauw Kok Tjwan, Nie Swan Tie, Oei Siong Hie, Oey Oen Bie, Oh Lay Hien, R. Radiopoetro, R. Sadjono, Soekono, Soepandi, Tan Ik Wan, Tan Tjing Twie, I.P. Radjamin, tuwin Samsoemarjo. Lulus doctoraal perangan kalih, tuwan-tuwan Oey Biauw Hok, Sie Boen Liep, Soeliman Asfandi, Paminto tuwin The Djiem Hwie. Lulus doctoraalexamen perangan kapisan, tuwan-tuwan Go Sie Hiang, Ko King San, Lo Djien Sioe, M. Soegandi, M. Sutardjo, Darsapangarsao, R. Soetojo tuwin Thio Kee Tiong.

Dintên agêng ingkang sampun dipun têtêpakên ing taun 1938. Miturut kêkancingan saking Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral No. 40, tanggal 23 Augustus 1937, benjing taun 1938 ngajêng punika, dintên agêng dagang ingkang katêtêpakên miturut bab 171a tuwin 229b ing sêrat anggêr among dagang tumrap tanah ngriki, kajawi dintên Ngahad, katêtêpakên kados ingandhap punika:

1. Taun baru Masèhi, Sabtu tanggal 1 Januari.

2. Taun baru Tionghwa, Sênèn 3 Januari.

3. 'Idu'l Kurban (Garêbêg Bêsar), Jumuah 11 Pèbruari.

4. Asyura, Sabtu 12 Maart.

5. Sedanipun Ingkang Wicaksana Kong Hoe Tjoe, Sabtu 19 Maart.

6. Tsing Bing, Salasa 5 April.

7. Goede Vrijdag (Sedanipun Gusti Kangjêng Nabi Ngisa) Jumuah 5 April.

8. Dintên Paschen ingkang kaping kalih, Sênèn 18 April.

9. Dintên wiyosandalêm Raja Putri Juliana, Sabtu 30 April.

10. Maulud (Garêbêg Mulud), Kêmis 12 Mèi.

11. Mekratipun Gusti Kangjêng Nabi Ngisa, Kêmis 26 Mèi.

12. Dintên Pinksteren ingkang kaping kalih, Sênèn 6 Juni.

13. Dintên wiyosandalêm Prins Bernhard, Rêbo 29 Juni.

14. Dintên wiyosandalêm Sri Bagenda Maharaja Putri Wilhelmina, 31 Augustus.

15. Mekratipun Gusti Kangjêng Nabi Muhamad, Kêmis 22 Sèptèmbêr.

16. Wiyosanipun Ingkang Wicaksana Kong Hoe Tjoe, Kêmis 20 October.

17. Dintên Agêng 'Idu'l Fitri (Garêbêg Siam), 2 dintên, Rêbo 23 November tuwin Kêmis 24 December.

18. Dintên wiyosanipun Gusti Kangjêng Nabi Ngisa (Kerstdag kapisan utawi kaping kalih) Ngahad 25 December tuwin 26 December.

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Têngah Mas Soeparman, asistèn wêdana ing Limpung, dhistrik Subah, kabupatèn tuwin paresidhenan Pêkalongan, dados wêdana ing Bêlik, kabupatèn Pêmalang, paresidhenan Pêkalongan. R. Soetarko aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi ing Ambarawa, kabupatèn Sêmarang, dados asistèn wêdana paresidhenan Pêkalongan. R. Saparno jurusêrat klas 1 kabupatèn Dêmak, dados mantri pulisi paresidhenan Sêmarang.

[Iklan]

Rukun Tani ing bawah Cilacap. Ing bawah ondêr dhistrik Wanarêja, dhistrik Majênang, kabupatèn Cilacap, wontên pakêmpalaning têtiyang dhusun kanamakakên Rukun Tani (Sanès Rukun Tani Parindra). Adêging pakêmpalan wau sampun tigang taun, warganipun wontên 60, warganipun pangrèh 8. Ing sakawit ngawontênakên pawitan sarana nyèlèngi pantun, sabên warga ½ pikul utawi langkung, ing benjing samangsa pacêklik kasambutakên dhatêng para warga kangge wiji. Sasampunipun tumindak tigang taun baboning simpênan wau sampun sami dipun wangsulakên, dados ingkang sumimpên kantun anakanipun kemawon. Dangu-dangu rimatan pantun wau saya kathah, lajêng ngindhaki damêl lumbung. Salajêngipun pakêmpalan wau saya majêng, lajêng badhe ngadani tumbas maesa tuwin tumbas siti ingkang badhe kangge kabêtahaning têtiyang ingriku.

Papriksan ing Ujung Kulon. Tuwan A. Hoogerwerf, rumiyin dados warganing Leuser-expeditie babagan kewan, badhe nindakakên papriksan dhatêng Ujung Kulon, Bantên, ing bab niti gêsanging sato-sato kewan, punapa malih tumrap warak. Kewan-kewan ingriku punika badhe dipun cathêti cacahipun, tuwin ugi badhe kaprênahakên pamanggènipun. Miturut kawontênan, ingriku punika saya mindhak cacahing sima, anjalari rêkaosing kewan-kewan sanèsipun.

Utusandalêm Ingkang Sinuhun ing Ngayogya. Kados ingkang sampun nate kawartosakên, Sampeyandalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogya saèstu badhe utusan anjênêngi wontêning congrès Java-Instituut ingkang kawontênakên ing Bali. Ingkang kautus, B.P.A. Soerjodiningrat tuwin B.P.A. Djojokoesoemo. Kajawi utusan wau, ugi maringi sambutan gangsa slendro kangge mahargya, nama kyai Surak.

Kamajênganing pakaryan tênun. Dumuginipun sapuka, ing satanah ngriki wontênipun têtiyang ingkang nyambutdamêl nênun ingkang kapetang pabrik, wontên 100.000, punika dèrèng kapetang pakaryan tênun ing dhusun-dhusun. Pamêdalipun wiwit 20 dumugi 80 sèn sadintên. Cacahing mêsin tênun ing tanah ngriki sadaya wontên 24.000. Ing sarèhning ing sapunika wêdaling padagangan tênun wau ngantos tirah-tirah, mila Parentah anggalih badhe amatêsi. Nanging ingkang dipun watêsi wau ingkang anggadhahi mêsin 14 minggah.

Ngajêngakên sinau bêksa Jawi. Kados ingkang sampun nate kawartosakên, bilih Tuwan Natary Vashi, ahli bêksa bangsa Indhu, saèstu nglajêngakên bêksa Jawi wontên Surakarta, saha kalampahan sampun dipun gêbyagakên wontên ing Wiryadiningratan, bêksa wirèng Panji, dipun anggèn-anggèni cara wirèng, dipun tuntun dening para ahli bêksa. Ing ngriku katingal caking bêksa luwês angrêsêpakên. Salajêngipun tuwan wau badhe nglajêngakên sinau bêksa dhatêng Bali punapadene dhatêng Ceylon.

Pamulangan luhur pangadilan. Lulus candidaatsexamen perangan kalih, Tuwan Hidajat. Lulus doctoraalexamen perangan tiga Tuwan Loa Wan Leng. Lulus candidaatsexamen perangan kalih, Nonah Yan Djoen Nio tuwin Tuwan R. Abdoerachim Kartodjoemena. Lulus candidaatsexamen perangan kapisan, tuwan-tuwan R. Soetjipto Wirjosoeparto, Yap King Tik, tuwin R. Soeseno Tirtomihardjo. Lulus doctoraalexamen perangan kapisan, Tuwan-tuwan R. Soedarjo. M. Iman Soepangkat, E.W.E. Denninger, Indra Kasoema, F.A.F. Baron Taets van Amerongen, Doejono, Lie Hok Sing, M. Soebagjo tuwin Oeij Pek Hong.

--- 1118 ---

Tampi bintang Officier Orde van Oranye Nassau. R.M.T Sarwoko Mangoenkoesoemo, Bupati-Patih Mangkunagaran. Pangeran Hario Soerjoatmodjo, Bupati-Patih Paku Alaman. R.A.A. Soeriadi, Bupati Cirêbon. R.A.A. Hadiwinoto, Bupati Magêtan.

Tampi bintang Redder Orde Oranye Nassau. Dr. R. Soepomo, Pangarsa Landraad ing Purworêjo.

Tampi bintang mas agêng. R.A.A. Iskandar Tirtokoesoemo, Bupati Dêmak. R.A.A. Soedoro Adi Koesoemo, Bupati Pêmalang.

Tampi bnitangbintang. mas alit. R. Rangga Wiradipoetra, Patih Bogor. M. Tjakrawadhana, Patih fd. Wêdana Pandeglang. R. Dêmang Wiradiatmadja, Patih Majalêngka. M. Said Tjokroharsono, Patih Purworêjo. Safioedin, ugi nama Atmosoedirdjo, Patih Pasuruan.

[Grafik]

Inginggil punika ngêwrat gambaripun bintang-bintang. Saking kiwa manêngên: Kruis êmas Commandeur der Orde van Oranye-Nassau, Ridder in de Orde van den Nederlandschen Leeuw (êmas), Officier in de Orde van Oranye-Nassau (êmas), lan Ridder in de Orde van Oranye-Nassau (perak).

Angsal ganjaran songsong jêne. R.A.A. Wiriaatmadja, Bupati Pandeglang. R.A.A. Soemitro Kolopaking Poerbonegoro, Bupati Banjarnêgara. R.M.A.A. Soeghondo, Bupati Purbalingga. R.A.A. Soekahar Bupati Japara. R.A.A. Sam, Bupati Malang. R.M.A.A. Koesoemobroto, Bupati Tuban.

Angsal sêsêbutan Adipati. R.M.T. Ronggo A. Koesmen, Bupati Madiun. R.T.A. Samadikoen, ugi nama Prawotoadikoesoemo, Bupati Sumênêp.

S.C.S. ngindhaki lampahing sêpur. Wontên wartos, wiwit benjing tanggal 16 November ngajêng punika, S.C.S. badhe ngawontênakên ewah-ewahan lampahing sêpur saking Sêmarang dhatêng Cirêbon, lampah punika kagayutakên kalihan ewah-ewahan lampahing S.S. Mênggah tumindakipun badhe wontên sêpur saking Sêmarang dhatêng Cirêbon kawan rambahan, jam 7.50, 9.15, 10.15, tuwin 1.05. Pikantukipun lampah punika badhe langkung enggal dumuginipun ing Bêtawi, tinimbang kala rumiyin. Makatên ugi sêsambêtanipun kalihan Bandung ugi gampil, sagêd sambêt kalihan Vlugge Vier S.S. Ing sapunika lampah dhatêng Bêtawi saking Sêmarang namung sapisan, ing benjing badhe sagêd ngantos kaping kalih, dumuginipun ing Bêtawi jam 1.56 tuwin 4.04.

Mr. ingkang nyambutdamêl wontên Bandhalumaksa. Mr. R. Widodo Sastrodiningrat, katêtêpakên nyambutdamêl wontên ing kantor Bandhalumaksa (Bank Karaton) ing Surakarta. panyambutdamêlipun wontên ingriku dados pangagêng.

Asil pêkên ing tanah karajan Jawi. Miturut Pèngêtan, angsal-angsalaning asil pêkên ing tanah karajan Jawi, wiwit Januari dumugi wêkasaning wulan Mèi tumrap Kasunanan wontên f 81.803.31. Manawi dipun tandhing kalihan angsal-angsal pêpetangan kados makatên ing taun kêpêngkêr, suda f 9.000.-. Tumrap Kasultanan Ngayogya, salêbêtipun gangsal wulan kados inginggil wontên f 65.120.77, taun kêpêngkêr miturut pêpetangan kados punika wontên f 58.978.06. Asil pêkên tumrap Mangkunagaran pêpetangan makatên wontên f 27.266.35. Ing taun kêpêngkêr pêpetangan makatên wontên f 28.251.39. Tumrap Pakualaman taun punika wontên f f 5495.- taun kêpêngkêr wontên f 5197.56.

Kabêtahan toya ing Cirêbon. Sampun sawatawis dintên, burgemeester Cirêbon tuwin warga-warganing Gemeenteraad sami dhatêng Cipaniis, pêrlu mriksa pandamêling trowongan kangge margi urung-urung toya ombèn, ingkang badhe kabikak. Trowongan wau panjangipun wontên 37 m. pêrlu kangge pambucalan lahar saking rêdi Cirêmai. Wontênipun tindak punika, jalaran ing Cirêbon ing sapunika toyanipun ombèn saking waterleiding botên sae.

Cêcariyosan bab ing Jambi. Koloniaal Instituut nêtêpakên badhe damêl cêcariyosan ing bab kawontênanipun laladan Jambi, pangarangipun bab punika gadhebadhe. dipun pangajêngi Tuwan J. Tideman, tilas Gupêrnur ing Molukken. Pangarangipun wau awêwaton saking sêsêrêpanipun para militèr punapadene ingkang sanès militèr ing laladan ngriku, mawi awêwaton warni-warni. Ing karangan punika isi wêwaton ingkang langkung migunani tumraping punggawa Nagari.

EROPA

Tiwas wontên ing margi. Maarschalk Demide, ministêr babagan paprangan republiek Mongool, nalika nuju numpak sêpur badhe dhatêng Moskou. lajêng dadakan tiwas wontên ing margi. Kasumêrêpanipun nalika sêpur kèndêl wontên ing Taiga, sampun pinanggih dados mayit. Bab punika lajêng dipun wartosakên dhatêng prajanipun.

Ngandhapakên kapal ing sagantên. Panjênênganipun Nata ing Italie sakalihan Pramèswari mêntas anjumênêngi andhaping kapal pêrang enggal ingkang agêngipun 35.000 ton nama Littoria. Upacara anggèning nyukani nama wau katindakakên dening tiyang èstri golongan bêrah ingkang ugi tumut damêl anggarap kapal punika.

--- 1119 ---

Wêwaosan

II. Lêlampahanipun Dhobrinya

9

Dhobrinya sakalangkung lêga manahipun. Sarêng naga Gurindayêksa sampun kesah saking ngriku, ing batos sangêt bingah, dene sagêd luwar saking bêbaya ingkang sagêd anjalari piyambakipun tiwas cara asor sangêt, inggih punika pinêjahan dening sato kewan ingkang kenging kawastanan rêrêgêding bumi wau. Kajawi punika Dhobrinya rumaos agêng manahipun, awit inggih sawêg sapisan punika, naga Gurindayêksa sagêd dipun kawonakên dening satunggiling manusa. Makatên mênggah gagasanipun Dhobrinya, manawi ing têmbe Sang Prabu Wladhimir ngawontênakên pahargyan malih, ing ngriku Dhobrinya badhe nyariyosakên ing bab mênanging juritipun kalihan naga wau, punapadene ing bab prasêtyaning naga, ingkang sampun kajangjèkakên dhatêng saliranipun. Jalaran wontênipun prasêtya ingkang makatên wau, salajêngipun botên badhe wontên tiyang ingkang nandhang susah jalaran anak utawi sadhèrèkipun kagondhol ing naga wau. Makatên ugi botên badhe wontên tiyang kuwatos, bilih sagêd kalampahan dipun cêngkêrêm dening naga Gurindayêksa, tuwin lajêng kagondhol kabêkta dhatêng guwa pêtêng. Botên wontên biyung kamigilan, sabab nyumêrêpi naga wau kêkitêr wontên ing gêgana, salajêngipun nyambêr anakipun saha lajêng kamôngsa wontên ing ngriku. Ing kala punika Dhobrinya anêmtokakên, bilih namanipun botên watawis dangu têmtu badhe kawêntar ing saindênging praja Ruslan, lan salajêngipun kalokaning namanipun têmtu lajêng sagêd sajajar kalihan para misuwur ingkang dumuginipun ing wêkdal punika tansah dados sêkar lathinipun têtiyang sapraja. Dene ing wusana ingkang dados pangajêng-ajêngipun Dhobrinya, tumrap padamêlan-padamêlan ingkang ambêbayani, dening Prabu Wladhimir mugi-mugi sagêda kapasrahakên dhatêng saliranipun sadaya.

Makatên mênggah ingkang dados gagasanipun Dhobrinya, gadhah pangajêng-ajêng ingkang muluk sangêt, lan sagêda dados kêkasihing nata. Amila enggal-enggal nêdya wangsul dhatêng Kiyèf, nanging gagasanipun ingkang ngaluk-aluk wau, botên watawis dangu lajêng ical, sabab ing kala samantên piyambakipun punika wuda, botên gadhah kapal punapadene dêdamêl, kajawi namung ngangge kudhung ngangrangan waja, ingkang kêbak êrah.

Sanadyan piyambakipun sagêd ngasorakên naga Gurindayêksa, ingkang anjalari praja Ruslan linuwaran saking pangridhuning naga wau, ewasamantên botên sande mêksa dados gêgujênganing tiyang kathah, manawi ngantos lumêbêt ing kitha Kiyèp cara makatên wau, salajêngipun Dhobrinya nuntên bêngok-bêngok malih ngundang rencangipun jalêr. Nanging anggènipun bêngok-bêngok wau tanpa damêl. Ing ngriku lajêng tuwuh raosipun, bilih dhatêngipun wontên ing Kiyèf, botên badhe kaanggêp kadosdene prajurit ingkang mêntas unggul juritipun, nanging malah dados gêgujêngan. Salêbêtipun Dhobrinya nandhang prihatos wau, dumadakan saking katêbihan piyambakipun sumêrêp wontên kapal kalih bêbandhangan nuju mriku. Lan sakala punika piyambakipun lajêng sumêrêp, bilih ingkang dhatêng wau rencangipun jalêr ingkang numpak kapal sarwi nuntun kapalipun piyambak. Bingahipun Dhobrinya ing wêkdal punika tanpa upami. Sabab sakenjing punika piyambakipun ngrumaosi sampun linuwaran saking bêbaya rambah kaping kalih. Ingkang kapisan bêbaya badhe pinêjahan ing naga, ingkang kaping kalih bêbaya badhe dados gêgujênganing tiyang kathah. Ing sanalika punika gagasanipun ingkang ngaluk-aluk wau tuwuh malih, awit lumêbêtipun ing kitha Kiyèf, botên ngêmungakên numpak kapal sarwi mangangge kaprajuritan kemawon, ugi klayan nyangking têlalening naga tiga iji, ingkang punika, botên kenging botên, sakêdhap kemawon namanipun têmtu tumuntên kawêntar ing saindênging praja. Makatên mênggah ingkang dados gagasanipun Dhobrinya.

Sarêng lampahipun rencang wau sampun anyêlaki bandaranipun, enggal-enggal piyambakipun mandhap saking kapalipun, sarta sêmu isin tuwin ajrih, ujug-ujug piyambakipun angrungkêbi sukunipun Dhobrinya, prêlu nyuwun pangapuntên, piyambakipun angakêni lumajêng jalaran saking ajrihipun dhatêng naga wau, sarta lajêng ambêkta lumajêng kapal punapadene panganggenipun kaprajuritan bandaranipun. Sarêng piyambakipun sumêrêp naga kesah malih piyambakan, pamanggihipun botên sanès, bandaranipun tamtu kantun balungipun thok kemawon. Sêdyanipun rencang balung-balung wau badhe kabêkta dhatêng Kiyèf. Sarêng sumêrêp bilih bandaranipun wilujêng botên kirang satunggal punapa, rumaos isin sangêt, dene ngantos nilar lumajêng bandaranipun ingkang ing kala punika wontên ing salêbêting bêbaya wau. Nanging ing wêkdal punika ajrih saha pangaji-ajinipun dhatêng bandaranipun saya wêwah. Sabab piyambakipun botên gadhah pangintên babarpisan, bilih samantên kadibyaning bandaranipun wau. Rencang punika tansah ngrungkêbi sukunipun Dhobrinya tanpa andêngèngèk babarpisan. Ing batos rencang angunandika: botên kenging botên piyambakipun tamtu dipun kêthok gulunipun, utawi dipun gada sirahipun. Nanging botên makatên, malah sajak botên sabar bandaranipun andhawuhi makatên:

He, enggal ngadêga, aku tumuli tulungana angrasuk busanaku kaprajuritan.

--- 1120 ---

Bingahipun rencang jalêr wau tanpa upami, dene ing sêmu bandaranipun botên nêdya paring ukuman punapa-punapa. Kalayan cikat piyambakipun nuntên anjênggèlèk tangi saking anggènipun angrungkêbi sukuning bandaranipun wau, saha lajêng enggal-enggal angrencangi bandaranipun anggening ngagêm kaprajuritan wau. Sarêng sampun rampung, têlale naga tiga wau lajêng kapasang wontên ing sisihing lapak, murih sagêda kasumêrêpan ing tiyang. Sasampunipun makatên, sadaya dêdamêlipun Dhobrinya lajêng kaaturakên, inggih punika: pêdhang, gada, towok tuwin gandhewa sajêmparingipun. Ing batos pun rencang kêpengin sangêt anyumêrêpi kadospundi ingkang sampun kalampahan wontên ing ngriku, nanging nyuwun mitêrang ajrih, awit angrumaosi sampun anggadhahi kalêpatan nilar lumajêng bandaranipun, amila inggih lajêng namung kèndêl kemawon. Sarêng Dhobrinya sampun minggah ing kapal, pun rencang lajêng enggal-enggal nyengklak kapalipun, saha tut wingking dhatêng ing pundi puruging bêndaranipun.

Ing kala punika suryanipun taksih inggil, lan langitipun katingal biru padhang. Dumadakan ujug-ujug lajêng pêtêng, kadosdene suryanipun katutupan ing mega, lan punapa ingkang tiningalan dening Dhobrinya, kadosdene wontên ayang-ayang agêng, ingkang adamêl pêtênging jagad. Dhobrinya lajêng ngungak manginggil, kanthi kagèt tuwin gumun, ing ngriku piyambakipun sumêrêp naga mabur wontên ing awang-awang, klayan anggondhol wanita endah ing warni. Sarêng dipun wawas kanthi wigatos, ing ngriku cêtha bilih wanita ingkang dipun gondhol wau botên sanès kajawi nak dhèrèk nata, Dèwi Pujatisna. Sarêng naga Gurindayêksa sumêrêp dhatêng Dhobrinya, lajêng mabur wontên ing nginggilipun lêrês, saha lajêng kêkitêr wontên ing ngriku. Ing kala punika Dhobrinya lajêng ambêngoki pun naga, supados angandhapna sang pubri.putri. Pun naga botên amangsuli punapa-punapa, ngêmungakên gumujêng latah sajak angerang-erang. Saking soraning gumujênging naga wau, ngantos ing kiwa têngênipun ngriku orêg. Rencang jalêr kasêbut nginggil, ing kala punika saking kagètipun dhawah saking kapalipun, dene kapal ingkang dipun tumpaki Dhobrinya lajêng ngadêg, nanging saking sagêdipun Dhobrinya anggèning nyêpêng kêndhali, kapal wau sagêd kaêrèh malih. Ing kala punika pun naga klayan alon-alon sajak anggêgodha, lajêng mabur mangilèn nuju dhatêng pucaking rêdi Sorotya, inggih punika papan guwanipun naga wau. Sampun dados padatan, naga punika manawi angsal mangsan, lajêng kagondhol dhatêng guwanipun, botên tumuntên lajêng pinêjahan, ing sakawit dipun pisakit, saha lajêng nuntên dipun môngsa.

Klayan prihatos tuwin lingsêm Dhobrinya anglajêngakên lampahipun nuju dhatêng Kiyèf, ing kala punika piyambakipun angrumaosi, bilih gagasanipun ingkang muluk wau, sanalika punika ical tanpa lari. Miturut pamanggihipun piyambak, salajêngipun botên sande têmtu dipun gêgujêng ing tiyang kathah, sabab kêtitik mênggahing bodhonipun. Têka pitados dhatêng ungêl punapadene prasêtyaning naga Gurindayêksa, satunggiling sato kewan ingkang kenging kasêbut rêrêgêding jagad. Samangke kadosdene ing praja Ruslan kadhawahan upataning dewa. Sabên dintên têtiyang saindênging praja tansah kuwatos, bilih enjing utawi sontên sagêd ugi sinambêr ing naga, ingkang lajêng kagondhol dhatêng guwanipun prêlu badhe kangge mangsanipun. Makatên ugi têtiyang èstri ingkang sami gadhah anak, sabên-sabên tansah nguwatosakên, bilih anakipun ngantos kalimpe lajêng kagondhol dening naga wau. Sadaya wau lêpatipun Dhobrinya, awit saupami salêbêtipun pôncakara kalihan naga wau, naga tumuntên lajêng pinêjahan, salajêngipun tamtu botên badhe manggih kawontênan ingkang makatên susahipun wau. Kados punapa susahipun satunggiling biyung ingkang nyumêrêpi anakipun dipun gondhol ing naga, ingkang salajêngipun dipun môngsa wontên ing sanginggiling awang-awang. Awit padatanipun, naga wau manawi anggondhol lare beda kalihan manawi anggondhol tiyang sêpuh. Limrahipun, manawi naga punika anggondhol lare, wontên ing nginggil awang-awang, kanthi sêngaja dipun tingalakên dhatêng tiyang sêpuhipun, lare wau kamôngsa kanthi sasêkecanipun. Panangis tuwin gênging sungkawanipun têtiyang sêpuh jalaran saking kecalan anakipun ingkang kamôngsa ing naga wau, tumraping Dhobrinya, kadosdene têtiyang sêpuh wau sami anglairakên pamaibênipun dhatêng pun Dhobrinya. Jalaran saking gagasan ingkang makatên wau, adamêl nêpsunipun Dhobrinya ingkang tanpa upami. Têlale ingkang kapasang ing lapaking pal,kapal. ing kala punika lajêng kasêbrak purun saha nuntên kabucal têbih.

Tanpa ngucap Dhobrinya anglajêngakên lampahipun. Sasampunipun dumugi ing griyanipun, tanpa wicantên punapa-punapa, kapalipun wau katuntun piyambak dhatêng ing gêdhoganipun, salajêngipun nuntên lumêbêt ing griya. Dene ingkang dipun jujug, inggih punika ing kamaripun ingkang ibu. Awit mênggahing Dhobrinya, manawi pinuju wontên ing salêbêting prihatos, salami-laminipun namung ngupados lêlipur dhatêng ngrêsanipun ingkang ibu, dhatêng tiyang sanès satêmbung botên nate kawêdal.

Sarêng ingkang ibu nguningani putranipun ing salêbêting sugkawa wau, enggal-enggal anyakêti, ngêlus-êlus sirahipun ingkang putra, saha lajêng kadangu kathah-kathah, kadosdene nalikanipun Dhobrinya taksih alit. Makatên mênggah pandangunipun ingkang ibu wau:

Dhuh anakku, Dhobrinya, genea kowe katone susah mangkono. Apa ana sing lagi korasakake.

Badhe kasambêtan.

--- 137 ---

No. 35, Taun VIII.

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI: BU-MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM, RÊGANE SATAUN F 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LENGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

MANGSULI LAYANG

Pendjol, Malang, Marlijah, Rêmbang, As p/a Dr. R. Soewarsa, Solo. Soetartinah, p/a R. Sastrapoera, Jokya, Soendarijah, Slamêt, Siliran Kidul. Bangêt panrimaku kokirimi layang lan pambatangmu "sandi pêpêthan" bênêr kabèh. As, bênêr bu Soewarsi gawe buku olah-olah, saiki lagi diêcap, mêngko sawatara dina manèh ya rampung, yèn kowe arêp njaluk dikirimi nglayangana bae nyang redactie. Slamêt, kanthi sênêng aku nganggêp kêponakan nyang kowe. Soendarijah, aja pisan ngarêp-arêp gambare Bu Mar, ya!

Toen Soedarsini, Pêmalang. Aku wis tampa layangmu kang isi cangkriman, ora liya bangêt panrimaku. Dadi kowe saiki wis ana ngomah, iya saiki sing mêmpêng anggonmu ngladèni ibumu.

Sri Manti lan Sri Marmi, Ngayogya. Layangmu pitêpungan wis daktampa kanthi bungah lan lêlucon uga wis kêtampan.

S. Har, Surakarta. Har, kowe mêsthine ya wis wêruh dhèk Sêtu buri gambarmu wis kapacak. Bangêt panrimaku, dene kowe arêp nggêdhèkake portrètmu, nanging aku kok ora duwe portrètku, besuk bae ya Har, yèn Bu Mar wis portrèt. Wah Har, kok ana-ana bae ing Surakarta, ya, ana wong nggantung barang, ndak iya kowe wêruh dhewe, Har?

Srin, Kêcubung. Layang pitêpungan sarta karangan wis kêtampan, bangêt panrimaku. Yèn kowe arêp ngirimi lêlagon, iya bêcik.

Mr. Soehani, N.H.I.S. Genteng. Andadèkake bangêt sênêngku kokirimi layang pitêpungan lan uga isi lêlagon.

Sriroekmi, Surabaya. Karanganmu wis daktampa kanthi bungah.

Siti Aminah p/a R.S. Waris, Lowokwaru G. 2 No. 5, Malang. Andadèkake bangêt bungahku kowe saiki mlêbu sêkolah Industri. Muga-muga lêstaria anggonmu sinau. Mien, anggonmu ambatang jênênge Bu Mar luput. Barêng iki aku awèh wêruh, yèn Mien Satrijani lagi ribut, durung bisa kirim layang.

Hajoeni Asmara, Ambarawa. Layangmu pitêpungan lan isi karangan wis daktampa kanthi bungah. Bangêt panrimaku kotawani nyang Ambarawa lan arêp koundhuhake jambu uwèr lan kluthuk, besuk ya As, yèn pinaringan slamêt lan kobêr.

Alrasjit, Sidoarjo. Yèn kowe nalika sasi Maart anggonmu ngirimi dhuwit, sajrone sasi Sèptèmbêr iki kudu ngirimi manèh, kasèp-kasèp tanggal 10.

Rr. Hoentari, Limbungan 20. Palembang, St. Indijah, Kêbumèn. Aku wis tampa layangmu, ora liya bangêt panrimaku.

Soewardja, Sidarêja. Bangêt bungahku kowe mêrlokake nêpungake nyang Bu Mar. Pangirime karangan nganggo pos blad iya kêna. Yèn kowe wis langganan Kêjawèn, iya ora pêrlu ambayar T.B. sarta yèn arêp ngirimi karangan-karangan, iya ora susah ambayar T.B. sabab kowe rak wis ambayar anggonmu langganan Kêjawèn ta?

Kustinah, Sawangan. Tien, kowe takon apa Bu Mar wis tau tindak nyang Barabudhur, wah ya wis kaping ora mênêng-mênêng kae, Tien. Aku durung bisa nêmtokake bisa utawa orane têka nyang omahmu, awit wayahe iku mêsthi pas-pasan, yèn aku lêlungan nyang Jawa Têngah. Sadurunge pangkat, mêsthi wis diprograma, dinane dibagi pirang-pirang. Tien, sukur ta yèn kowe arêp anggolèki kaponakanku bangsa Tionghwa ing Blabak, dadi mundhak têtêpunganmu.

Tien, saiki rambutku ya tansah mbrodhol bae, bokmanawa saka panasing hawa ing Bêtawi. Dene ing sawangan rak adhêm ta. Kowe takon tambane apa. Tien, wah kok sok anèh, kowe iki, Bu Mar rak dudu dhoktêr, kok sok padha takon tamba barang. Bu Mar saiki lagi nyoba, sabên kramas nganggo "Lidah Buaya Shampoo", dene lêngane, lênga "Jo Tek Tjoe'' iki karone kowe bisa tuku ing toko. Coba kowe nganggoa, bokmanawa sindapmu banjur ilang. Wis ya Tien, samene bae dhisik, ibumu karipan êntas nonton Pasar Gambir.

Siswamartono, Purwokêrto. Yèn kowe lumpangên, bêcike mangkene: anjupuka tawas gêdhene kira-kira saklungsu, banjur jèrên wedang sagêlas, yèn wis adhêm, iki kanggo kêmu, aja nganti kolu. Sawise kêmu, nuli mamah kayu lêgi.

Sulardjo, Batavia-Centrum, Sri Sasanti Surakarta, Saribi Surakarta. Mien Satrijani. Bangêt panrimaku, kokirimi lêlucon. Yèn kowe arêp ngirimi karangan babad Banyuwangi, iya bêcik, Mien Satrijani.

Hoentari, Palembang. Aku wis tampa layangmu, bangêt panrimaku. Sing mêmpêng anggonmu sinau, supaya besuk Mèi entuk eksamêne.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar.

--- 138 ---

MEISJESVERVOLGSCHOOL

[Grafik]

Ing dhuwur iki macak gambare murid wedakwedok. ing sêkolahan Meisjesvervolgschool Barabai ing tanah Borneo, nuju mitongtanakemitongtonake. carane nindakake pagawean olah-olah.

Dadi mungguh ing bocah-bocah wedok ing jaman saiki tumrape pasinaon olah-olah ing ngêndi-êndi wis ana.

Cangkriman

Pucung

Timbang nganggur iki cacak milu urun / muwuhi cangkriman / ananging tan mingsra yêkti / nora liwat aku nyuwun pangapura //

I

Ana gunung Jawa Kulon dunungipun / jênênge rong wanda / têgêse araning sasi / yèn winaca sing wuri atêgês lama //

II

Ana ratu sarirane bangêt lêmu / dêdalêm ing guwa / sugih bala sugih patih / patihira yèn tindak muluk ngakasa //

III

Sapa aku? duk manggon ing kutha "Bandhung" / kowe kabèh padha / wêruh aku kaping kalih / aku iki dadi pangarêping nusa.

Cacak pena.

Timan.

LÊLUCON

Lara untu

H : "Dul, untumu durung mari, ya?"

D : "Durung, malah abuh!"

H : "Saupama aku sing lara takbêdhèlke".

D : "Iya upama kowe sing lara, aku gêlêm mbêdhèl."

Impène bocah cilik

Darma kagèt nglilir anggone turu, calathune: "O pak, aku wêdi bangêt. Aku ngimpi wêruh tikus milu turu karo aku.''

Bapakne: "Aja wêdi Ma, bacutna anggonmu ngimpi, mêngko rak ana kucing têka têrus nubruk tikus mau."

S. Har, Surakarta

Sêmon-sêmonan

Ana wong bucu liwat sangarêpe wong picak sasisih. Sing picak ngaruh-aruhi: "Têng pundi dhi, esuk-esuk kok nggêgêndhong.''

Sing bucu: "Ajêng langkung kontên sing menga sêsisih niku ta.''

Sri Mastoeti.

Ana ing klas

Guru pitakon: "Coba gaweya ukara nganggo têmbung kêras''

Salah sawijining murid: "Sakêras-kêrasipun inuman kêras, mêksa taksih kêras guru kula."

Sri Manti.

Dolanan lagu "anakku nggèr si Jumirah.''

Sapi jawa bu dingge karapan

Ingkang putra bu nyuwun sarapan

Klambi sutra bu pinggire wungu

Ingkang putra bu nyuwun pangèstu

Klambi sutra bu pinggire bolah

Ingkang putra bu badhe sêkolah

Sriroekmi, Surabaya.

Lagu kinanthi tèplêk

I.

Hèh pra kancaku kabèh, padhaa tumindak rukun.

Hèh pra kancaku kabèh, padhaa kang sêtiya tuhu.

Hèh pra kancaku kabèh, manuta pitutur luhung

II.

Dahad gênging sêmbah nuwun.

Rumaos kadananingsih.

Kadarman miwah katrêsnan, ingkang langkung migunani.

Kinarya garaning gêsang.

Supados tan dados nistip.

Soehani.

--- 139 ---

ORA NGILO GITHOKE

Anuju sawijining dina ana kodhok mêntas saka kutha pêrlu nonton kumidhi jaran Harmston. Sabubaring kumidhi, kodhok banjur mulih. Lakune sadalan-dalan sajak nglêlêr, kaya ana kang dipikir têmênan, ning pancèn ora luput, si kodhok pancèn lagi mikir gêdhening gajah. Ing batin tansah gumun dene gajah gêdhene ngudubillah setan.

Barêng lakune mèh têkan ngomahe dumadakan kêpêthuk si kintêl. Kintêl takon sajak nyêntak: "He kodhok! kowe êntas saka ngêndi? Dene rupamu sajak kaya kodhok êntas kutilan.

Kodhok sumaur lirih: "Oo kintêl, aku êntas saka kutha pêrlu nonton kumidhi jaran, mulane aku sajak ngglêlêng pancèn ana salah sawijining kewan sing takgumuni têmênan, ora liya ya mung gajah, dene gêdhene ngudubilah setan.

Kintêl barêng krungu calathune si kodhok mèsêm sajak ngisin-isin, nuli nyêntak: "Hèh! wong kowe, dhok, dhok, lagi wêruh gajah bae kok gumun. Apa kokira umating Gusti kuwe ora ana kang anduwèni kadigdayan? Ayo coba dêlêngên ya, aku tak matak aji.''

Kintêl banjur mêkungkung, wêtêng diplêndhungake karo takon si kodhok: "kapriye mungguh aku karo gajah gêdhe êndi?''

Kodhok sumlêngêrên ndêlêng polahe si kintêl. Ing batin pancèn ijih panas atine dene yèn omong salawase kodhok dipadhakake cumplung kêpanjingan nyawa. Mula kodhok banjur mangsuli: "Waaaa ya mèh padha.''

Kintêl rumasa entuk ati. Mula plêndhunge diundhaki karo takon manèh: "Apa samene?''

Kodhok mangsuli: "Kurang sacenti.''

Kintêl banjur jinjit mêkungkung wêtêng diplêndhungake manèh: "Samene?''

Kodhok: "Adhuh mung kurang sasêtrip êngkas. Kintêl ora sranta, rosane dikêtog, mata mêrêm, mêgêng napas, sanalika dikayang têmênan. Saking rosane, plok..., wêtênge kintêl pêcah. Kodhok njênggirat kagèt, lumayu sipat kuping.

Kho Ngo Kioe.

Blabak.

TIYANG CÊKAP LAN TIYANG MISKIN

Wontên tiyang kêkalih, manggèn wontên satunggiling dhusun. Ingkang satunggal tiyang tani, ananging tabêri ing damêl lan gadhah kapintêran. Satunggalipun cêkap sangêt nanging kêsèd tur botên sumêrêp ing damêl sadintên-dintên namung sênêng-sênêng kemawon.

Ing satunggiling dintên tiyang kalih wau sami pêpanggihan. Ingkang cêkap wicantên dhatêng ingkang miskin: "Dhi, punapa gunanipun kapintêran sampeyan? Inggih lêrês sampeyan punika gadhah kasagêdan, lan sabên dintên nyambutdamêl, nanging kok botên sagêd cêkap lan mulya kados kula. Kula niki disênêngi sintên kemawon, priyantun luhur-luhur ing nagari dados mitra kula sadaya, kêrêp sami tindak (rawuh) ing griya kula. Dados kasugihan punika langkung inggil tinimbang kasagêdan.''

Tiyang pintêr, sarèhning sampun mangrêtos inggih namung nginggihi kemawon. Botên dangu, dhusun wau kadhatêngan mêngsah. Mangka sadaya griya ingriku kabêsmi lan isining griya dipun jarah-rayah. Sasampunipun wontên rubeda punika tiyang kalih wau sami pêpanggihan. Tiyang miskin criyos dhatêng ingkang cêkap: "Kang, kados pundi, dene sampeyan botên pados panggêsangan malih? Griya kula kabêsmi dening mêngsah sarta isining griya kajarah-rayah sadaya, ananging sarèhning kula sampun misuwur sanagari, manawi kula punika sagêd njampèni tiyang sakit, dados inggih sagêd pados panggêsangan.

Sapunika tiyang cêkap sumêrêp, manawi kasugihan punika kawon kalihan kasagêdan. Kasagêdan botên sagêd ical salaminipun gêsang, dene kasugihan manawi sampun ical, angèl anggènipun ngupados, manawi botên ngangge kasagêdan lan watak srêgêp. Dados tiyang ingkang gadhah kasagêdan wau sapunika langkung cêkap tinimbang ingkang gadhah rajabrana tumpuk-tumpuk.

Hartini, Banjarnêgoro

KI SATU LAN KI DUA

I

Kacarita dhèk jaman kuna ana jaka loro bangsa Sundha, sing siji aran Ki Satu, dene sijine Ki Dua. Wong loro mau dikon dening wong tuwane sinau ngaji mênyang Rum (Konstantinopel) kang dununge adoh saka panggonane. Panggonan ngaji mau jênênge pêsantrèn.

Barêng jaka loro mau padha kêtêmu ing dalan, Ki Dua pitakon marang Ki Satu: "Jênêngmu sapa lan kowe arêp mênyang ngêndi?'' Ki Satu mangsuli: "Jênêngku Ki Satu, aku dikon bapakku mênyang Rum, supaya sinau ngaji. La sapa jênêngmu, lan kowe arêp mênyang ngêndi?'' Ki Dua mangsuli: "Jênêngku Ki Dua lan aku uga dikon bapakku sinau ngaji mênyang Rum. Ayo ta padha mêmitran lan padha lumaku barêng. Kabèh sangu pawèwèhe wong tuwa padha dibagi barêng.''

Ki Satu kang disangoni sêpuluh rupiyah dening bapakne, ngrujuki rêmbuge Ki Dua, nuli jaka loro mau nêrusake lakune barêng.

Dhisike dhuwite Ki Satu kang diêntèkake, barêng

--- 140 ---

mangsane Ki Dua kang gênti ambagi duwèke, Ki Dua ora gêlêm.

Ki Satu calathu: "Saru kowe, lagi anu rak wis dirêmbug, yèn kabèh arêp dibagi rata, dipangan barêng. Aku saiki ngêlih bangêt, bok iya aku kowènèhi apa-apa kanggo mangan.''

Ki Dua mangusli: "Ora susah kakean omong aku ora duwe apa-apa, dadi aku ora bisa mènèhi apa-apa marang kowe.''

Ki Satu krasa luwe bangêt, mula tanpa kêndhat anggone njaluk pangan mênyang mitrane. Wêkasane mitrane calathu: "Aku dhuwe roti sairis, iku kowe bisa tuku nyang aku, nanging akèh rêgane, iku kudu dibayar karo salah sawijine mripatmu.''

Ki Satu mangsuli: "Ah ora pêrduli, wènèhana, amarga aku ngêlih bangêt. Ki Dua nyukil mripate Ki Satu siji, Ki Satu diwènèhi roti sairis, nuli padha mbacutake lakune. Sajrone têlung dina Ki Satu ora mangan manèh, mulane banjur krasa luwe bangêt, nganti ora tahan manèh, banjur njaluk pangan mênyang Ki Dua. Ki Dua ora mungkir, yèn duwe pangan, nanging calathune: "Iya bêcik, yèn mripatmu sing sijine entuk tak cukil, mêngko dakwènèhi roti sairis.''

Sabab saka ora tahan ngêlihe, Ki Satu nurut apa panjaluke Ki Dua. Ki Dua kang ambêk siya mau, banjur nyukil mripate Ki Satu sijine.

Saiki Ki Satu wis wuta babarpisan lan mlakune dituntun dening Ki Dua, Ki Satu nyêkilinyêkêli. pucuking kayu, lan Ki Dua nggocèki bongkote. Mêngkono lakune wong loro sawatara suwe.

Ki Satu banjur gulune krasa salit bangêt nuli calathu: "Aku njaluk ngombe, Ki Dua, aku ngêlak bangêt.'' Mêngkono sambate Ki Satu.

Ki Dua mangsuli: "Aja njaluk ngombe, ing kene rak ora ana banyu ta. Bênêr ana sumur, ananging bangêt jêrone, lan aku ora duwe timba.'' Ananging Ki Satu tansah sêsambat ngêlak bae. Ki Dua pêgêl atine krungu sêsambate Ki Satu, banjur calathu: "Rene ta, sabukmu wènèhna aku.''

Ki Satu nguculi sabuke nuli diwènèhake mênyang mitrane. Sabuke Ki Satu digandhèng, ditalèni karo sabuke Ki Dua. Sing siji kanggo nalèni wêtênge Ki Satu, sing sijine kanggo ngêdhunake Ki Satu mênyang jêro sumur. Barêng Ki Satu wis têkan ing banyu, banjur diuculake, lan Ki Dua banjur nêrusake lakune. Mitrane kang dikira wis mati kalêlêp, nuli ditinggal kari.

Kacarita barêng Ki Satu wis têkan ing dhasaring sumur, tangane gagap-gagap, banjur ndumuk guwa. Dhèwèke mlêbu ing sajroning guwa, nuli lungguh. Lagi sêdhela anggone lungguh, dumadakan krungu swara ing sacêdhake.

Ana sawijining wong bajang lagi omong-omongan karo bojone. Ki Satu krungu rêmbuge wong loro mau, cêtha bangêt.

Bojone wong bajang takon marang sing lanang: "Genea, ta, yèn bangsaku, wong bajang, mêmungsuhan kok ora tau kalah?''

Sing lanang mangsuli: "Rak ana saranane ta, mbokne! Yèn wadyabala wong bajang padha kalah, banjur enggal mbêlèh kucing irêng, kabèh kang wis mati rak banjur padha tangi manèh.

Ki Satu mèpèt nyang temboking guwa sarta ngrungokake têmênan.

Bojone wong bajang pitakon manèh: "Pakne, apa ta, tambane wong kang wuta?''

Ki Satu saya anggatèkake, anggone ngrungokake kêna dipadhakake nganggo kuping patbêlas.

Wonge bajang mangsuli: "O, iku rak gampang bangêt, bokne! Wong iku kudu golèk godhong singawêrêng, nuli kapipis lêmbut banjur kagosokake ing mripat. Sawise mangkono wong kang wuta iku mêsthi banjur bisa wêruh manèh.

Ki Satu bungah bangêt, barêng krungu wangsulane wong bajang mêngkono mau, ananging durung pêsthine tiba bungah, awit banjur krungu swarane bojone wong bajang, kang calathu mangkene: "Bapakne, rajabrana kang kasimpên ing ngisor lawanganing (gapura) kutha Rum, apa isih, lan kapriye anggone anjupuk?''

Sing lanang mangsuli: "Iku uga gampang bangêt, mbokne. Upama kowe kêpengin rajabrana iku kudu mbêlèh asu irêng. Sawise dibêlèh, kabèh rajabrana sing kasimpên mêsthi banjur ketok kabèh, kaya ta mas, salaka, barliyan lan sawêrnaning prabot omah kaya ta: kursi kaplisir mas, meja salaka, bênèt kacêplok mas lan liya-liyane ug bangsa sutra-sutra ana kabèh.''

Barêng Ki Satu wis krungu iki kabèh, dumadakan ana wong tani têka nimba. Timbane ngênani gêgêre Ki Satu. Enggal-enggal Ki Satu nyandhak timba mau, banjur munggah lungguh ing sandhuwure timba. Wong tani gumun bangêt, têka timbane abot têmên. Dhèwèke anggone narik mêndhuwur rêkasa bangêt. Wêkasane timbane bisa têkan ing dhuwur. Bangêt kagète lan gumune, barêng wêruh, manawa timbane isi uwong, mangka wuta. Wong tani mau banjur pitakon: "Kowe iki manungsa apa jim setan, upama manungsa, kowe iku wong bênêr apa edan?''

Ki Satu mangsuli: "O, kula niki tiyang, bok inggih wêlasana kula niki, botên sagêd sumêrêp. Kula wau kêpengin ngombe, nanging lajêng kêcêmplung inglêbêt.''

Ana candhake.

--- [1121] ---

Ôngka 72, Rê, Lê, 3 Rêjêb Ehe 1868, 8 Sèptèmbêr 1937, taun XII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm

Isinipun: Palabuhan - Bab Sêsakit Edaning Sêgawon - Ngingah Ulam ing Wadhah - Kawontênan ing Sêpanyol - Pasareyanipun Ki Agêng Pêtung - Lotre - Suka-suka Sabibaring Damêl - Ngamal sarta Ngèlmu - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Palabuhan

[Grafik]

Sawangan palabuhan ing Kalabai, pulo Alor, Timur.

--- 1122 ---

Bab Kasarasan

Bab Sêsakit Edaning Sêgawon (hondsdolheid)

Sambêtipun Kajawèn nomêr 70.

Tuwan Pasteur ngusungi prabot potong dhatêng pawon, koki kapurih anggodhog toya ingkang ngantos umob.

Tuwan Pasteur matur dhatêng Dr. Charbonnet: kula aturi ngumbah asta panjênêngan kalih pisan, rasukan lêngênipun dipun wingkisa dumugi sikut, asta tuwin lêngên dumugi sikut dipun rêsikana ingkang rêsik saèstu.

Dr. Charbonnet: kula sampun asring nulungi tiyang èstri ingkang manak makatên.

Tuwan Pasteur janji, asta ingkang sampun rêsik, botên kenging nyêpêng utawi anggêpok barang sanès, kajawi namung dhatêng badanipun ingkang badhe dipun tulungi.

Dr. Charbonnet lajêng dipun aturi dhatêng kamaripun Annette ingkang sampun tilêman.

Tuwan Pasteur lumêbêt ing Laboratorium, ing ngriku kamirêngan, ing jawi Laboratorium gumuruh suwaranipun tiyang kathah. Sarêng jêndhela dipun bikak katingal Dr. Zarannoff utusan saking nagari Rus jumênêng ing ngriku dipun kêpang tiyang kathah, sêmunipun têtiyang wau saking dhusun ngamônca.

Tuwan Pasteur mêdal saking Laboratorium. Dr. Zarannoff lajêng matur: punika têtiyang dhatêng saking dhusun ing bawah Rus, ingkang sami kataton kacakot sêgawon edan, prêlu sami sowan nyuwun pitulungan panjênêngan mugi sami dipun jampèni.

Tuwan Pasteur: Tuwan Zarannoff, kula sanès dhoktêr botên sagêd anjampèni tiyang, namung sagêd anjampèni sêgawon.

Tuwan Pasteur èngêt lare ingkang sakit dipun jampèni suntikan serum, punika bilih sabên dintên suntikanipun serum wêwah-wêwah kêrasipun, sagêd saras blas.

Tuwan Pasteur lajêng wicantên: rèhning têtiyang ingkang sakit punika dhatêng saking mônca tur têbih makatên, prayogi kula tulungi, sanajan tanggêlan kula dados langkung awrat, lan sagêd ugi kula tampi ukuman ingkang agêng utawi ukuman pêjah inggih kula têmah, prêlu badhe nulung tiyang ingkang sakit ambêbayani makatên. Têtiyang punika prayogi dipun lêbêtakên ing griya sakit ing Montparnasse, nanging têtiyang punika manggènipun kêdah misah piyambak, botên tengingkenging. kêmpal kalihan tiyang ingkang sakit sanèsipun.

Kajawi punika panjênêngan kêdah damêl palapuran satunggal-tunggalipun tiyang ingkang sampun dipun jampèni wau.

Tuwan Pasteur lajêng lumêbêt ing kamar pasareyan prêlu ngaso, amargi saking sayah sangêt anggèning nyambutdamêl lajêngan rintên dalu.

Ingkang garwa matur: Louis, Louis, panjênêngan kagungan wayah jalêr. Ingkang garwa matur makatên punika klayan ngrangkul ingkang raka. Tuwan Pasteur botên ebah lan botên ngandika punapa-punapa.

Louis, sampeyan botên mirêng yèn kagungan wayah jalêr. [ja...]

--- [1123] ---

[...lêr.] Tuwan Pasteur inggih tansah kèndêl kemawon, awit sêmaput, botên èngêt punapa-punapa. Ingkang garwa lajêng anjêrit.

Dr. Charbonnett mirêng jêritipun Nyonyah Pasteur enggal murugi, nyakêti Tuwan Pasteur dipun asta lan dipun grayang polêsipun (ugêl-ugêlan) sarta ngandika: kang raka gêrah beroerte, sapunika dipun kèndêlakên, kajêngipun sareyan kemawon.

[Iklan]

Tigang dintên Tuwan Pasteur gêrah tansah sareyan, nanging sakawan dintênipun sampun ragi dhangan lan sagêd ngandika, namung sariranipun sapalih lêmês botên wontên kêkiyatanipun, nanging mêksa kangge abah nimbali lan andangu Dr. Emil Roux, mundhut katrangan kawontênanipun ingkang sami sakit: kapriye anake Meister apa wis kapenak, Dr. Roux mangsuli: katingalipun inggih sampun saras saèstu.

Tuwan Pasteur: sukur dene bisa waras, kapriye wong-wong saka desa kae, apa wis kok tambani lan kok tulungi?

Dr. Roux: wontên ing griya sakit têtiyang wau botên suka dipun jampèni suntikan makatên, kajawi manawi wontên palilahipun Geneeskundige kring. Wau enjing nêmbe tampi sêrat dhawuh kenging ingkang sakit dipun jampèni suntikan, nanging sapunika sampun kasèp. Ingkang sampun tiwas tiyang tiga. Mêmêlas sangêt.

Badhe kasambêtan

R. Sumadirja, Ind. Arts. Sêmarang.

--- 1124 ---

Ngingah Ulam ing Wadhah

Sambêtipun Kajawèn nomêr 71.

Kados ingkang sampun kacariyos ing ngajêng, ngingah ulam wontên ing wadhah punika bangsaning kasênêngan, tur kapetang ingkang ambêborosi, nanging ugi nama sampun mantuk manawi dipun têbusi ing bab ajining kasênêngan. Saking cariyosipun tiyang ingkang rêmên ngingah ulam, punika sok kêbrongot, botên eman ngêdalakên arta, upami tumbas ulam ingkang rêginipun awis, môngka ulamipun pêjah, punika botên ngraos gêtun anggèning kecalan arta, wontênipun malah kapengin tumbas malih.

Tumrap ingkang dèrèng mangrêtos, ngingah ulam ing wadhah, punika namung dipun wadhahi sakenging-kengingipun, waton wadhah isi toya. Nanging mênggah nyatanipun, kêdah milih wadhah ingkang kobèt, asrêp bêntêring toya kêdah kawawas miturut hawa, papaning andèkèk kêdah prênah, botên kenging kêbênteran, nanging kêdah angsal pêpadhang. Makatên malih ngingah ulam punika kêdah sumêrêp dhatêng bôngsa-bôngsanipun, awit ulam ingkang botên nunggil jinis, punika tataning gêsangipun botên sami. Sawêg miturut katrangan cêkakan punika, cêtha bilih ngingah ulam punika mawi pathokan kawruh.

Bab pakan, ing kala rumiyin limrahipun namung dipun pakani ugêd-ugêd, punika namung mêndhêt saking gampilanipun, sawênèh wontên ingkang dipun pakani roti garing. Nanging sarêng jamaning têtiyang ngêmbrah ngingah ulam, lajêng kathah têdhaning ulam wau warni-warni wêdalan saking tanah ngamônca. Makatên ugi ing bab tanêman ingkang dipun tanêm ing salêbêting wadhah (ing toya), punika inggih kathah tanêman wêdalan saking Eropah tuwin sanès-sanèsipun.

Bab pakan tuwin tanêman wau saèstunipun lajêng nuntuni dhatêng têtiyang ing pakampungan tuwin padhusunan, sagêd sade barang ingkang kados makatên punika, sarana niru tuwin anggathuk-gathukakên sêsêrêpan ingkang sami dipun alami, kados ta damêl pakan-pakan saking anggitanipun piyambak, lajêng sagêd kasade wontên ing pêkên. Manawi bab tanêman, kathah ingkang dipun panggihakên dening têtiyang padhusunan, mêndhêti thêthukulan ingkang sami gêsang wontên salêbêting toya, punika pinanggihipun inggih prayogi. Mila kala jaman ramèn-ramènipun têtiyang sami ngingah ulam, ing pundi papan panggenanipun tiyang sade ulam, ugi wontên tiyang ingkang sade pakan tuwin têtanêman, malah kathah ingkang lajêng dipun tumbas dening sudagar ulam.

Ing nginggil sampun kacariyosakên, bilih padagangan ulam wau lajêng pêjah botên pajêng malih, punika jalaran botên sanès namung saking saya sumêbaring kawruh ngingah ulam. Katranganipun makatên:

Ing sakawit ulam-ulam wau asli dipun dhatêngakên saking tanah ngamônca, pundi ingkang nêmbe dhatêng lajêng dados rêbatan, upaminipun bangsaning ulam ingkang nama ulam pêdhang (Zwaarddrager). Ulam wau agêngipun sadriji, ulêsipun wontên ingkang abrit utawi ijêm. Punika rêginipun ing dalêm sajodho ngantos tigang ringgit. Ulam pêdhang [pê...]

--- [1125] ---

[...dhang] punika enggal sangêt sagêd dipun branahakên, manawi manak (botên nigan) saêbrolan, inggih punika sawancinipun manak, sagêd ngantos kalih dasa. Môngka ulam wau kêrêp manak, tuwin enggal agêng. Wusana sawêg sawatawis wulan kemawon sampun dados atusan. Turunanipun ulam wau trêkadhang lajêng dipun sade malih dhatêng sudagar ulam. Dangu-dangu sanadyan têtiyang ing pakampungan inggih damêl pambranahan piyambak, sami dipun idêrakên dhatêng pundi-pundi. Botên gantalan wulan, ulam pêdhang wau rêginipun satunggal iji namung nyabenggol, malah tumrap para ngingah ulam ingkang kangge kasênêngan, namung dipun sukak-sukakakên kemawon.

Makatên ugi tumrap bangsaning ulam sanès-sanèsipun, inggih lajêng ambyah, saya tumrap ulam ingkang nigan, punika saturunan kemawon sampun atusan.

Wiwit ambyahipun ulam ingkang sampun turunan wau, lajêng pêt, ulam tanpa rêgi babarpisan, saha lajêng ambêbêkta damêl gêlanipun para ingkang sami ngingah ulam, awit lajêng sampun botên nama adi malih.

Nanging tumraping para ingkang rêmên ngudi kawruh babagan punika, bab ulam punika taksih dipun lajêngakên pangingahipun, awit caraning ambranahakên punika lajêng gêgayutan kalihan kawruh babagan ngingah ulam, awit cara gêsanging ulam wau ingkang pinanggih dados kasênêngan tuwin dados lantaran pangudi.

Badhe kasambêtan.

H.

[Iklan]

--- 1126 ---

Pawartos Sanès Praja

KawontênKawontênan. ing Sêpanyol

Wontênipun paprangan ing Sêpanyol pinanggih sampun dangu, muntabipun ingkang sami paprangan taksih ajêg. Ing ngriku lajêng nuwuhakên panggagas, punapa paprangan punika salugu tuwuh saking kanêpsonipun piyambak, punapa saking kenging dayaning sanès. Panggagas kalih bab wau, manawi mirid saking wontêning wartos-wartos, sami lêrêsipun, tumrap kamuntabaning golongan Sêpanyol, pancèn nyata, saya dangu malah saya kasupèn anggèning sami tunggil êrah. Dene bab daya sanès, pancèn inggih kêrêp pinanggih nyatanipun.

Manawi mirid kawontênanipun bôngsa Sêpanyol, punika tumraping rakyatipun kenging dipun wastani sami tiyang tani, jiwanipun wontên tiga likur yuta. Nanging pinanggih ing gêsangipun têtiyang ing ngriku botên sagêd waradin, têgêsipun ingkang sugih kalangkung sugihipun, malah kanyatan pinanggihipun ing ngriku, têtiyang sugih ingkang kapindha ratu, punika mèh sami para tuwan tanah, dados pasitèn-pasitèn tuwin gêdhong ingkang agêng-agêng, sami gadhahanipun tuwan tanah, tamtunipun ing bab panguwaos inggih anglangkungi. Kosokwangsulipun tumraping para bêbau, punika namung sami anglampahi dados tiyang glidhigan, botên sami tumut ngraosakên brêkah dayaning siti. Inggih sabab ingkang kados makatên punika ingkang anjalari sangêt bedaning panggêsanganipun golongan kêkalih wau. Ingkang makatên wau saèstunipun anjalari kirang rakêtipun.

Wontênipun griya-griya ing padhusunan, inggih punika griyanipun para golongan tani, punapadene griyanipun pagolongan bêrah ing kitha-kitha, pinanggih sarwa prasaja sangêt, makatên ugi ing bab sandhang panganggenipun, katingal anggènipun botên sapintêna. Kosokwangsulipun tumraping para sugih, anggèning nyandhang ngangge namung sarwa mas barleyan, ngantos anglangkungi saking tataning kalimrahan. Ing bab sadaya wau manawi dipun gothak-gathukakên, ugi wontên èmpêripun anjalari gampil pêthaling golongan.

Tamtunipun ing bab raras kamuktènipun para sugih inggih anglangkungi, tuwin tata makatên wau kados inggih sampun limrah, nanging tumraping Sêpanyol, kenging dipun wastani anglangkungi, mila ing Sêpanyol punika dados satunggaling nagari dunungipun ulah karawitan, ingkang langkung luhur, ingkang misuwur tuwin tumular dumugi ing pundi-pundi.

Dene bab pêpêlikan, Sêpanyol kapetang sugih tur warni-warni, punapa malih pamêdalipun arêng sela, sampun misuwur dumugi ing pundi-pundi.

Kawontênan nagari ingkang kados makatên wau, lajêng kenging kangge wawasan jêmbar ing bab tuwuhing paprangan tuwin sabab-sababipun wontên nagari ingkang sami ngêmori damêl. Mirid kawontênan ingkang sampun dipun sumêrêpi ing ngakathah, sababing paprangan jalaran [jalar...]

--- 1127 ---

[...an] saking kalêbêtan daya sanès ingkang lajêng dados lantaraning pasulayanipun sami bôngsa. Makatên ugi pamoring nagari sanèsipun malih, jalaran saking kamelikan. Punika mênggahing nalar sami mantuk sadaya.

Ing sapunika nama sampun kêlajêng, pêpêjah tanpa wicalan, karisakan tanpa pêpindhan, asrining kitha-kitha sampun rêmuk bubuk ical sipatipun, manahing bôngsa Sêpanyol sami risak dening ngraosakên ura-uru botên wontên sampun-sampunipun. Ingkang makatên wau saya dangu saya adamêl ewah gingsiring antêp, kados ingkang mêntas pinanggih ing Santander, têtiyang ig ngriku sami ambalela dhatêng parentah, malah miturut wartos-wartos wadya parentah cacah 20.000 sami têluk. Mênggah pikantukipun lajêng mêwahi dados kasantosanipun golongan kabangsan, inggih sabab makatên wau ingkang anjalari bêdhahipun Santander. Malah ing salajêngipun golongan kabangsan saya ngangsêg, jajahanipun saya jêmbar.

Ing sapunika tumraping praja ingkang gêgayutan Inggris sampun pacak baris wontên ing Gibraltar, prêlu kangge anjagi baya pakèwêd ingkang badhe nêmpuh ngriku. Nanging pinanggihipun, anggèning Inggris pacak baris punika ugi nuwuhakên kasujananing nagari sanès, inggih punika Itali ugi lajêng pacak baris, têbihipun saking Gibraltar wontên tiga satêngah mil, dêdamêlipun mriyêm ajêngipun dipun ênêrakên dhatêng Gibraltar, kajawi punika inggih taksih nyadhiyani dêdamêl sanès-sanèsipun.

[Iklan]

Tumrap Inggris mêntas manggih lêlampahan ingkang sakalangkung ngêgèt, inggih punika satunggiling kapal pêrang Inggris Havock ingkang nuju wontên sacêlakipun Pongol San Antonio antawising Valencia tuwin Alicante dipun lêpasi torpedho ngantos kalih rambahan, nanging lêpat, saha botên kasumêrêpan saking pundi pinangkanipun.

Sanalika wau kapal pêrang Inggris ugi malês anglêpasi mriyêm, nanging namung awur-awuran, dados inggih botên kasumêrêpan kawusananipun. Ing bab punika Inggris lajêng ngangkatakê kapal pêrang pintên-pintên prêlu madosi dhatêng ingkang salah damêl wau sintên.

Nitik ing bab punika, kawontênanipun ing Sêpanyol taksih têtêp dados raosan.

--- 1128 ---

Cariyos Kina

Pasareyanipun Ki Agêng Pêtung

Sambêtipun Kajawèn nomêr 71.

Jalaran saking makatên punika, lajêng karan Kiyai Agêng Pêtung. Kangjêng Sunan Kali anglajêngakên ing tindakipun.

Sarêng sampun pintên-pintên taun, Kangjêng Sunan Kali sawêg kèngêtan bilih nilar murid ing samadyaning wana gung. Mila enggal-enggal wangsul amadosi, kadhèrèkakên abdi kêkasih taksih lare. Dumugi ing wana ngriku sampun kasupèn, amargi têkêning Paman Dèrès carang dêling pêtung rumiyin punika, sampun dados dhapuran dêling ginubêd dening oyot-oyodan, tuwin galagah rêrayungan. Wasana Kangjêng Sunan lajêng kagungan osik, murih gampilipun pinanggih, botên wontên malih kajawi bilih wana punika dipun bêsmi. Sanalika wana dipun bêsmi kanthi mêdhar sabda: nadyana Si Dèrès iki isih ana ing kene, yèn tinakdir dening Pangeran isih kaparêng urip, môngsa anggarah têdhasa ora. Sarêng wana sampun rêsik (dados awu) kapara yêktos, Paman Dèrès taksih manthilis pinanggih taksih gêsang, wujuding badanipun katingal cêmêng kadosdene gêsêng dening dahana. Nanging sanyatanipun botên punapa-punapa, malah kraos kemawon botên. Awit saking ingkang makatên wau, Paman Dèrès lajêng jêjuluk Sunan Gêsêng.

Kangjêng Sunan sangêt sukur ing Pangeran, ing sasampuning bage-binage ing kawilujênganipun, Kangjêng Sunan lajêng dhawuh supados Paman Dèrès tuwi mantuk, sarta gêgriyaa kados ing wingi nguni, dipun titipi lare pandhèrèkipun Kangjêng Sunan wau, kapêndhêta anak angkat, supados wontêna rencangipun anggèning sami ngibadah sumungkêm ing Gusti ingkang murbèng titah. Lajêng sewang-sewangan.

Sarêng Paman Dèrès dumugi ing griyanipun lami, sampun pangling, amargi bale griyanipun sarwa sae, bojonipun sampun katawis sêpuh, anak-anakipun sampun sami diwasa. Sadhatênging Paman Dèrès ing griya, anak rayatipun sami kagèt, sarta bingah sangêt, dene lakinipun jêbul taksih wilujêng, awit suwaunipun kakintên sampun ajal, saking sami bingahipun ngantos têtangisan.

Sarêng sampun sawatawis dintên, manahipun Paman Dèrès (Kyai Pêtung) saklangkung sangêt ing susahipun, amargi anak rakyatipunrayatipun. lajêng sami kasêngsêm ing kadonyan, botên sumungkêm ing Pangeran. Sarêng sampun sawatawis lami, rayatipun Paman Dèrès wau sagêd takluk purun ngibadah andhèrèkakên tindaking laki, namung anak-anakipun mêksa sami botên purun takluk, malah ing sêmu bêntèr manahipun, dene bapakipun langkung trêsna dhatêng anakipun angkat, tinimbang dhatêng piyambakipun. Awit saking wontên nalar ingkang kados makatên wau, Paman Dèrès (Kyai Agêng Pêtung inggih Sunan Gêsêng), jèngkèl manahipun, kawêdal ipat-ipatipun makatên: Anak-anakku kabèh, ing sarèhning kêkarêpanamu kabèh wus têrang bangêt ngalor ngidul karo kêkarêpanaku, lan biyungmu, [bi...]

--- 1129 ---

[...yungmu,] mula tinimbang kumpul tansah bèncèng karêp mangkene iki, prayoga pêpisahan bae, bôndha lan rajabranamu gawanên kabèh, aku lan biyungmu wis ora melikake babarpisan. Kowe kabèh padha ngaliha omah ing papan kang rêja, katogna anggonmu padha sênêng-sênêng ing donya, aku lan êmbokmu ya andêdonga ing Pangeran, muga-muga kowe kabèh padha sinêmbadana kang dadi panyuwunmu, iya iku kabandhan, lan kawibawan. Mung kowe saturun-turunmu kabèh yèn ora ngibadah ing Gusti kang kawasa, kaya aku lan biyungmu, tak ipat-ipati ora kêna ngambah ing padhukuhanku kene. Sapa kang wani nrajang mêsthi bakal nêmu sangsara. Para putra lajêng sami kesah saking dhukuh ngriku, dhatêng tanah ngamônca ngèstokakên dhawuhipun kang rama.

Awit saking sabda ingkang makatên punika wau, para priyantun abritan lajêng sami ajrih malêbêt ing dhusun ngriku. Ngantos sapriki, sintêna ingkang purun nrajang, cariyosipun ngakathah, anêmahi botên widada anggèning cêpêng damêl, kadosdene ingkang kula aturakên ing ngajêng.

Lêngganan ôngka 1466.

Wara-wara

Wêdalipun Kajawèn ing dintên punika, Petruk botên ngêdali, amargi sakit. Mugi botên andadosakên cuwaning panggalih.

[Iklan]

--- [1130] ---

Suka-suka Sabibaring Damêl

[Grafik]

Ing sabibaripun jambore ing nagari Walandi, para pandhu lajêng sami suka-suka. Tumrap pandhu saking tanah ngriki, sabibaring damêl wau sami sowan dhatêng kadhaton ing Het Loo.

Ingkang kacêtha ing gambar nginggil piyambak, para pandhu nalika sami ngenggar-enggar wontên ing patamanan, ing ngriku katingal anggèning sami ngêmatakên dhatêng wontêning sêsawangan.

Gambar ing sandhingipun: para pandhu sami kroncongan wontên salêbêting kadhaton.

Gambar ngandhap piyambak: para pandhu Jawi mitongtonakên jogèd jawi, pêthilan pêrangipun Radèn Gathutkaca.

Gambar bundêr: Sri Bagendha Maharaja Putri tuwin rajaputri Yuliana lênggah mariksani. [mariksani...]

--- 1131 ---

[....]

Raos Jawi

Ngamal Sarta Ngèlmu

Ngamal punika basa Ngarab, maknanipun ing basa Jawi tindak (panggawe), ngèlmu têgêsipun kawruh.

Sampurnaning ngamal kêdah sarana ngèlmu. Sadaya tindak ingkang kirang ngèlmunipun punika botên sagêd sampurna kadadosanipun, wohipun kirang andêmênakakên. Ing salêbêting piwulang majibakên, manusa kêdah ngupados ngèlmu wiwit sangkaning alit dumugi sêpuh pisan.

Ngèlmu punika kasigar byak dados kalih warni, inggih punika ngèlmu kadonyan lan ngèlmu ngakerat, kawruh lair lan kawruh batin, utawi kawruh kuwadhagan lan kawruh kasukman.

Kawruh kadonyan miwah kalairan utawi kuwadhagan, punika tumuju kangge nyumêrêpi kawontênan donya utawi lair, tumônja kangge nyampêti kabêtahaning badan wadhag. Wondene kawruh akerat utawi kawruh kabatinan inggih kawruh kasukman, minôngka kangge nyumêrêpi alam kabatosan. Inggih punika kawruh kapracayan, kawruh katêntrêmaning manah utawi kawruh ka-Allahan.

Kawruh kalih warni punika sajatosipun botên kenging katilar salah satunggal, lan sajatosipun pancèn botên sagêd pisah saking angganing gêsang. Ewadene kasêsaning ginêm, sawênèhing tiyang ngucap (nyapèlèkakên): kawruh ngakerat, kabatinan, kasukman, ka-Allahan, iku kawruh apa ta, lan apa ta kanggone. Wong iku janji wis nyambut gawe, golèk dhuwit, rak wis cukup ta. Sawênèh ingkang sawêg kèrêm dhatêng kawruh kabatinan, asring ngucap: donya iku sapele. Wong nèng donya bêbasan mung mampir ngombe, ora langgêng, kang langgêng iku urip ing ngakerat. Ucap kalih warni punika mlèsèd saking kanyataan ingkang dipun lampahi. Ingkang asring kalacut ing ginêm, nyapèlèkakên kawruh kabatinan, ing sadintên-dintên raosing manah ugi bêtah dhatêng kamarêman utawi katêntrêman. Ing môngka saugi manah punika tansah kêlèt lèngkèt kalihan kawontênan lair punika, saèstu angèl lan têbih saking raos ingkang têntrêm, amargi kawontênan donya punika mila molak-malik botên ajêg nyênêngakên.

Ingkang asring kalajêng ing ginêm nyapèlèkakên barang kadonyan, ewadene inggih taksih rêmên migunakakên barang-barang ingkang wontên ing donya punika, inggih punika taksih nêdha, mangangge, nênumpak. Tuwin taksih rêmên srawungan dhatêng tiyang ing donya punika. Jalaran saking makatên, sayogi tiyang gêsang kêdah ngatos-atos ing ginêm, sampun ngantos kaladuk ing panyeda utawi pangalêm, mindhak bêbasan, kêna ing piwalèh.

Ngamal.

Sadaya tiyang sami gadhah ngamal utawi tindak. Miturut ing pamilah-milah, ngamal punika wontên [wo...]

--- 1132 ---

[...ntên] tiga pangkat, inggih punika: nistha, madya lan utama. Ingkang kawastanan tindak ingkang nistha, inggih punika sadaya tindak ingkang saru, andrêmis, ngêmpèk-êmpèk, rêmên melik ingkang botên absah, damêl risak tuwin damêl sangsaraning liyan, lan tansah damêl kalingsêman.

Tindak ingkang madya, inggih punika sadaya tindak ingkang ambaluju nuju dhatêng kabêtahanipun piyambak, nanging ugi botên purun damêl wisuna dhatêng tiyang, botên purun ngapusi, botên purun doracara, lan ugi botên purun ngrèwès dhatêng kabêtahaning sanès, botên katingal prihatin dhatêng kasusahaning liyan.

Tindak ingkang utama, inggih punika sadaya tindak ingkang sirik damêl kapitunaning liyan, malah srêgêp tumandang tumrap kabêtahan sajawining badan piyambak, rumaksa lan ambudidaya mulyaning gêsang sêsarêngan.

Tindak tigang tataran, nistha, madya, utama punika sadaya tiyang sanadyan botên ngrumaosi inggih sami ngambah tuwin kanggenan, kilap kandêl tuwin tipisipun tumrap tindak tigang prangkat wau.

Ingkang sagêd milah-milah wujuding nistha, madya, utama, punika pun ngèlmu utawi kawruh. Sadaya tiyang bodhoa pintêra kêrêp mrangguli têmbung nistha madya utama, ancas ingkang pinilih tamtu ingkang nama utama. Nanging tubrukanipun, utama punika punapa, kadospundi, yêktosipun beda-beda, anut kawruh (pamanggih)ipun piyambak-piyambak. Wondene andharan kula sapala kasêbut ing nginggil, lêrês lêpat, nyumanggakakên.

Pun Jaramaya.

[Grafik]

Sawangan ing pucaking rêdi Mêrapi.

--- 1133 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Misaya ulam mawi racun. Ing Cabangbungin bawah Cikarang. Krawang, wontên tiyang misaya ulam sarana migunakakên racun, tiyang misaya wau lajêng dipun cêpêng ing pulisi, dipun anggêp mbêbayani. Salajêngipun bab punika lajêng dados papriksan, racun ingkang kangge misaya wau racun punapa, amarg kasamarakên manawi ulamipun wau ngêmu racun, punapadene toyanipun ing têlaga ingkang dipun wisaya wau ugi taksih mawa racun.

[Iklan]

Motor ngangge lisah pèt. Autobusdienst Adam ing Malang sampun nindakakên cobèn-cobèn ngangge pirantos ingkang kalampahakên sarana mawi lisah pèt, bab punika sampun kacobi kangge nglampahakên auto dhatêng parêdèn. Pinanggihipun waragading lisah sagêd suda sapalih. Pirantos wau ugi badhe kasade.

Kathah kuli ingkang dhatêng tanah Sumatra. Miturut katrangan saking Handelsvereeniging Walandi ing Medan, ing akiripun wulan December taun 1936, kuli ingkang nyambut damêl wontên ing Sumatra Pasisir-Wetan wontên 181.479, langkung kathah tinimbang taunipun kêpêngkêr. Ing salêbêtipun nêm wulan taun 1937 kuli ingkang dhatêng Sumatra Pasisir-Wetan wontên 29.818 dene ingkang kesah saking ngriku wontên 4825. Miturut pêpetangan punika wontêning kuli ing tanah ngriku kathah sangêt indhakipun. Nanging manawi dipun timbang kalihan kala taun 1930 ugi taksih kawon sangêt.

Omroepdienst ing Pasar Gambir. Ing salêbêtipun wontên Pasar Gambir, ing kantoraning Pasar Gambir kawontênakên pirantos ingkang kenging kangge nyuwara sora ingkang sagêd kasêbar wontên ing nêm panggenan ing salêbêtipun Pasar Gambir. Pirantos wau kenging dipun pigunakakên kangge umum, inggih punika manawi wontên pêrlu ingkang wigatos, kados ta madosi lare ical, ngundang tiyang ingkang nuju wontên ing ngriku, amargi ing griya wontên tiyang sakit sangêt utawi wontên pêrlu ingkang wigatos, ngundang dhoktêr ingkang nuju wontên Pasar Gambir tuwin sanès-sanèsipun.

Papriksan ing Nieuw-Guinea. Residhèn ing Ambon mêntas wangsul papriksa saking Nieuw-Guinea. Ing ngriku nguningani bilih papan ing lèpèn Lorentz botên prayogi kangge papaning punggawa nagari, ing salajêngipun ngawontênakên papriksan ing Eilandenrivier. Ing kala tuwan residhèn wau tindakan, kathah têtiyang Papua ingkang sami pêpanggihan.

S.S. badhe ngawontênakên gêrbong kangge tiyang èstri. Wiwit benjing tanggal 15 Sèptèmbêr punika S.S. badhe ngawontênakên cobèn-cobèn ngawontênakên gêrbong klas 3 ing sêpur kilat, ingkang maligi namung kangge tiyang èstri, ingkang kesahan piyambak, manggènipun pêrnah sawingkingipun gêrbong padhaharan lêrês, ing ngriku mawi kacirenan "vrouwen". Nanging manawi kathah tiyang jalêr ingkang numpak ngantos kêkirangan ênggèn, inggih kakengingakên manggèn wontên ing ngriku, samantên wau manawi ing ngriku taksih wontên panggenan.

Kapal ingkang ambêkta lêmbu saking ngamanca. Kapal De Klerk sampun dumugi palabuhan ing Têgal ambêkta lêmbu 50 iji saking ngamanca. Salajêngipun lêmbu wau badhe kaêdumakên dhatêng kalurahan-kalurahan ingkang sampun katêtêpakên badhe ngangge bibit.

Leening Tiongkok. Sampun dangu wontên wartos, bilih Tiongkok ngawontênakên sambutan praja kathahipun 500 yuta dollar, ingkang badhe kasade dhatêng bangsa Tionghwa. Ing sapunika wartos wau sampun dumugi ing ngriki, kathah bangsa Tionghwa ingkang nakèkakên bab punika. Miturut wartos sanadyan ing Tiongkok piyambak ugi pajêng sangêt, malah tumraping bangsa ngamanca ugi kathah ingkang tumbas. Tumrap tanah ngriki wontên bangsa Tionghwa nama Tuwan Tjung Soe Gan, gadhah panêdha dhatêng bank, supados kalantarakên dhatêng Syanghai katumbasna leening wau rêgi 50.000 dollar, katumbas dening tuwan wau piyambak.

Tindakipun tiyang kirang lêrês èngêtanipun dados damêling Parentah. Ing dhusun Trusmi, bawah Cirêbon, wontên tiyang nama Sandim, ingkang wontênipun ing ngriku dipun sêbut kyai. Tiyang wau dipun suyudi ing tiyang kathah ing bawah Cirêbon, Kuningan, Majalêngka tuwin Têgal. Tiyang wau mêca, bilih ing têmbe badhe nitis dhatêng bôngsa Walandi, saha sagêd mitulungi warni-warni. Dene sarananipun kêdah mawi sêrat paturan dhatêng Bagendha Maharaja Putri. Kêlampahan kathah tiyang ingkang gadhah paturan mawi dipun kanthèni zegel, satunggal tiyang mawi dipun têdhani arta f 1.75 minangka patumbas zegel tuwin waragad sanès-sanèsipun. Sêrat-sêrat wau sami katampèn wontên Departement Kolonien ing nagari Walandi. Salajêngipun wontên dhawuh supados tindak makatên wau dipun cêgah dening para wajib ing ngriki. Tumrap pakaryan Post tampi dhawuh samangsa wontên sêrat kados makatên supados dipun pasrahakên dhatêng pulisi. Dene têtiyang ingkang gadhah atur, kaparêngakên nyuwun wangsuling zegel.

Utusan dalêm Sampeyandalêm Ingkang Minulya saha Wicaksana. Wontên wartos, benjing congres Java-Instituut ingkang kawontênakên ing Bali, Sampeyandalêm Ingkang Minulya saha Wicaksana badhe utusan putradalêm B.K.P.H. Mr. Djajakoesoema, kanthi R.T. Padmadipoera sakaliyan.

--- 1134 ---

Angsal-angsalanipun tram ing Bêtawi. Ing salêbêtipun wulan Augustus kêpêngkêr, angsal-angsalanipun tram gadhahanipun N.V. Bataviasche Verkeers Mij. wontên f 35.197.57, kala wulan Augustus taun 1936 wontên f 29.305.69. Wiwit Januari dumugi Augustus 1937 wontên f 251.798.19. Ing taun 1936 pêpetangan kados makatên wontên f 216.113.83 1/2

Ing Têgal tuwuh sêsakit pest. Ing Têgal mêntas wontên tiyang kataman sêsakit pest paru, sarêng kaupakara wontên griya sakit kalajêng tiwas. Tiyang ingkang tunggil sagriya tuwin ingkang ngupakara nalika sakit sami kasingkirakên, katumpakakên motor, wusana sopiring motor wau ugi kêtularan sakit, kalajêng tiwas. Salajêngipun Walandi ingkang gadhah motor ugi dipun singkirakên. Wontên tiyang tiga ingkang ngopèni sami kesah dhatêng Bêtawi, taksih dados padosan.

[Grafik]

Pakêmpalaning para Ind. Arts mèngêti sampun 25 taun. Pakêmpalaning para Ind. Arts mêntas ngawontênakên pêpanggihan wontên ing Bêtawi, mèngêti adêging pakêmpalan sampun 25 taun. Para doktêr ing Bêtawi ingkang misuwur sami dhatêng, makatên ugi R.A. Prof. Dr. Hoesein Djajadiningrat ingkang minangka president-curator pamulangan luhur doktêr ugi rawuh anjumênêngi. Kathah ingkang sami mêdharsabda ingkang asuraos mêmuji dhatêng kêmajênganing pakêmpalaning para doktêr.

Ing nginggil punika gambaripun para doktêr ingkang sami anjênêngi pèngêtan wau nuju pêpanggihan.

Gêlut kaliyan sawêr. Ing dhusun Kaligawe, ondêr dhistrik Karangsêmbung, Cirêbon, wontên tiyang nama Sena tuwin Karta rôndha ing wanci dalu. Wontên ing margi tiyang kalih wau sumêrêp wontên wêwarnèn cêmêng-cêmêng, kakintên sêgawon tilêm. Sarêng Sena murugi, jêbul ingkang kakintên sêgawon wau sawêr, saha lajêng nyakot sukunipun saha sirahipun lajêng dipun sabêt ing pêthit, Sena rêbah. Nalika Karta sumêrêp bilih punika sawêr lajêng nulungi, ugi lajêng dipun sabêt ing pêthit, Karta ugi lajêng ambruk. Tiyang kalih wau lajêng kenging karangkus dados satunggal dening sawêr, nanging Karta taksih sagêd jêrit-jêrit. Wusana wontên têtiyang ingkang sami tandang, sawêr kenging dipun pêjahi, agêngipun sauwit pucang, panjangipun 4 mètêr. Tiyang kalih lajêng kabêkta dhatêng griya sakit.

Badhe ngêdali dhatêng Olympiade ing Jêpan. Wontên wartos, benjing Olympiade ing Jêpan taun 1940 ngajêng punika wontên bangsa Jawi nama R. Iskandar Tjitrawardaja ing Surakarta, badhe tumut ngêdali, ngajêngakên kalangkunganipun numpak sêpedha.

Bangsa Tionghwa wangsul dhatêng tanah Jawi. Kapal Cisarua gadhahanipun J.C.J.L sampun bidhal saking Syanghai ambêkta bangsa Tionghwa cacah 250 sami asli saking tanah Jawi.

Para pandu angsal tandha têtêngêr. Miturut wartos ingkang dumugi ing tanah ngriki, para pandu saking tanah ngriki ingkang anjênêngi jambore ing nagari Walandi, sami tampi tandha têtêngêr awarni mêdali, minangka pèngêtan nalika sowan dhatêng kadhaton ing Het Loo.

Kapal kaji sampun wiwit bidhal. Sampun sawatawis dintên kapal kaji ingkang ambêkta têtiyang minggah kaji saking tanah ngriki ingkang kapisanan sampun bidhal saking Tanjung Priok, ambêkta tiyang 500.

Ugi anjênêngi congres ing Bali. Miturut wartos, benjing congres ing Bali, panjênênganipun R.A. Prof. Dr. Hoesein Djajadiningrat tuwin Directeur Departement Pangajaran ugi sami badhe rawuh anjumênêngi.

Epahan ing papan panggaotan tênun kêmirahên. Dèrèng dangu wontên pasambatipun bêrah ing panggaotan bathik, amargi panggaotan sampun majêng malih, bêrahanipun dèrèng kaindhakan. Ing sapunika gêntos para bêrah ing pakaryan tênun ugi sambat, jalaranipun ugi makatên. Miturut katrangan, tiyang ingkang nênun tangan, ing dalêm samètêr angsal epahan 5 sèn, sadintên angsal-angsalanipun namung 5 dumugi 7 mètêr. Langkung sakêdhik malih tumrap para ingkang sami nênun sarung, angsal-angsalanipun sadintên namung 25 dumugi 30 sèn.

Êmas ing Pasundan. Wontên bangsa Eropa nyuwun palilah dhatêng ingkang wajib, badhe pados mas wontên ing tanah Pasundan. Sampun sawatawis dangu, Dr. H. Philips mriksa pasitèn ing tanah ngriku, ugi manggihakên êmas wontên laladan Pasundan. Dene ingkang langkung kathah ing laladan sirahipun lèpèn Carême sêmpalanipun Ciwidey.

EROPA

Sang Mussolini badhe maratamu dhatêng Jêrman. Kawartosakên, benjing têngah-têngahaning wulan punika panjênênganipun Sang Mussolini badhe maratamu dhatêng Jêrman, awit saking dipun aturi ing panjênênganipun Sang Hitler.

Nata Inggris badhe têdhak tanah Indhu. Wontên wartos, benjing wêkasaning taun 1938, panjênênganipun Nata Inggris sakaliyan badhe têdhak dhatêng tanah Indhu, kanthi lampah karajan.

ASIA

Prahara agêng (Typhoon) ing Hongkong. Ing Hongkong mêntas wontên prahara agêng adamêl karisakan tuwin pêpêjah. Ing pêkên Taipo wontên mayit 100 sampun sami dipun angkat, tuwin kintên-kintên taksih wontên tiyang 200 langkung ingkang sampun sami pêjah nalika dipun têmpuh ing ombak lajêng dipun sèrèt dhatêng sagantên. Sawarnining baita pamisayan ulam sami sirna.

Kapal kêbêsmi. Kapal Kota Agung gadhahanipun Rotterdamsche Lloyd kala nuju layaran wontên sacêlakipun pulo Minicoy, antawis 600 mil saking Colombo, kêbêsmi. Wontên dynamiet 8 ton sami kacêmplungakên ing sagantên. Kapal panggèrèt gadhahanipun gupêrnur ing Colombo dhatêng têtulung. Têtiyang ingkang numpak kapal wau kapurih pindhah dhatêng kapal Oldenbarnevelt.

Kapal van Heutsz kandhas. Kapal van Heutsz kandhas wontên sacêlaking Greenisland, antawis 3 mil saking Hongkong, jalaran katêmpuh ing prahara agêng, kapal-kapal ingkang badhe dhatêng têtulung sami botên sagêd nyêlak, jalaran saking agênging angin. Ing ngriku kasumêrêpan kathah tiyangipun ingkang ical.

--- 1135 ---

Wêwaosan

II. Lêlampahanipun Dhobrinya

10

Ing sakawit Dhobrinya nêdya nyariyosakên sadaya lêlampahanipun kalihan naga wau dhatêng ingkang ibu, nanging ing wusana kapênggak, jalaran lingsêm sarta kuwatos, bilih tampi dêduka saking ingkang ibu, dene satriya têka pitados dhatêng têmbung manis kemawon, amila wêkasanipun Dhobrinya namung matur dhatêng ingkang ibu makatên.

Kula botên punapa-punapa, ibu, lan kula ugi botên susah, malah kosokwangsul, kula wajib bingah, jalaran ing dintên punika kula tinimbalan ing sang prabu lumêbêt ing kadhaton, awit ing kadhaton samangke wontên pahargyan agêng-agêngan. Sapunika ugi kula kêdah pangkat, ibu. Pahargyan punika dangunipun kalih wêlas dintên. Kabaripun, kathah para pangeran, para satriya, tuwin para prajurit ingkang sampun misuwur mênggahing prawiranipun, ingkang sami tinimbalan anjênêngi pahargyan punika. Samangke kula namung nyuwun brêkahipun ibu, kaparênga tumuntên pangkat sapunika.

Ingkang ibu ngyêktosi sangêt dhatêng watakipun ingkang putra, sajatosipun ugi sampun mangrêtos, bilih ingkang putra punika ngêndhêm wados, ewasamantên sang putri botên krêsa andangu kathah-kathah, awit watak-wantunipun ingkang putra punika, manawi dêrêng kadangu, malah lajêng botên purun cariyos punapa-punapa. Amila ingkang ibu lajêng botên andangu punapa-punapa, kajawi namung dhawuh makatên:

Ênggèr, Dhobrinya, nuruta nyang pituturku. Kowe bêcik aja sowan nyang kadhaton, têrusa ana ing kene bae.

Nanging Dhobrinya rumaos, botên badhe sagêd wontên ing griya kemawon. Piyambakipun bêtah dhatêng kêkêmpalan, bêtah ningali dhatêng barang èdipèni, supados sagêd supe dhatêng sungkawaning manahipun wau. Amila tanpa cariyos punapa-punapa, Dhobrinya lajêng dandos saha lajêng pangkat dhatêng kadhaton.

3. Pôncakara ingkang kaping kalih kalihan naga.

Sadumuginipun ing kadhaton, Dhobrinya nuntun kapalipun anjujug dhatêng gêdhogan ing salêbêting kadhaton ngriku. Ing ngriku sampun kathah titihaning para pangeran, para satriya tuwin para prajurit, ingkang sami dipun cêpêngi ing para gamêl, tuwin sawêg sami dipun têdhani sukêt. Kapalipun Dhobrinya ing kala punika enggal-enggal kacandhak dening salah satunggiling panakawan, saha katuntun dhatêng ing papan ingkang taksih lêga, Dhobrinya sasampunipun masrahakên kapalipun wau, lajêng lumêbêt ing kadhaton, anjujug ing bangsal agêng. Ing ngriku pahargyan sampun kawiwitan, meja pintên-pintên ingkang ajèjèr-jèjèr kêbak dhêdhaharan tuwin inuman warni-warni, tuwin para tamu sampun pêpak andhèr angadhêp Sang Prabu Wladhimir tuwin pramèswari.

Miturut adat tatacaranipun ing praja Ruslan ing jaman samantên, sabên tiyang ingkang lumêbêt ing kadhaton, kêdah nindakakên urmat rumiyin miturut tatacaranipun agami. Sasampunipun atur urmat dhatêng sang nata utawi pramèswari, saha atur urmat tumuju dhatêng keblat sakawan, salajêngipun nuntên mapan lênggah ing panggenan ingkang sampun katamtokakên miturut luhuring pangkatipun.

Sasampunipun para tamu pêpak sadaya, sang nata Prabu Wladhimir lajêng jumênêng saking palênggahanipun saha lajêng tindak wongsal-wangsul ing bangsal wau, prêlu amanggihi tamunipun satunggal-satunggal, sasampunipun rampung lajêng dhawuh ngandika makatên:

Para pangeran, para prajurit sarta para kawulaningsun kabèh. Andadèkake bungahing panggalih ingsun, dene sira kabèh wis padha mrêlokake sowan ing ngarsaningsun iki. Luwih lêga rasaning panggalih ingsun, dene sira kabèh katon abungah-bungah. Eman bangêt, dene ing wêktu saiki ingsun dhewe ora bisa milu bungah. Jalaran ingsun mêntas olèh bêbênduning Pangeran, kang nyata agawe ngênês ingsun sakulawarga. Andadèkna kawruhanira, ing dina iki sadulur ingsun nakdulur, yayi Pujatisna, digawa ing naga Gurindayêksa. Saiki ingsun nêdya pitakon marang jênêng sira kabèh, manawa ana kang bisa awèh timbangan kapriye kang kudu ditindakake, bisane luwar Dèwi Pujatisna saka naga mau. Sapa kang pantês tak utus munggah ing gunung Sorotya, lumêbu ing guwaning naga, ngrêbut nakdulur ingsun mau saka panguwasaning naga Gurindayêksa.

Mirêng dhawuh pangandikanipun sang prabu ingkang makatên wau, ing salêbêting bangsal sidhêm tanpa wontên ingkang ngucap. Sadaya tamu rumaos lingsêm manahipun saha botên purun tumênga mawas dhatêng sang prabu, sabab sadaya rumaos botên badhe kuwawa ananggulangi krodhanipun naga Gurindayêksa. Sang prabu mirsani dhatêng sadaya para tamu, lan ing batos mangrêtos, sababipun para tamu sami kèndêl kemawon wau, saking gênging prihatosipun sang prabu, ing kala punika sang prabu sampun badhe jêngkar saking ngriku, dumadakan wontên salah satunggiling prajurit sêpuh nama: Alyasa, ingkang majêng saha munjuk dhatêng sang prabu makatên:

Dhuh, gusti, pêpundhèn kawula, nata ing Kiyèf, kaparênga kawula matur ing ngarsa paduka. Enjing punika wau, kawula ngubêngi nagari jajahan paduka ngriki prêlu ngupadosi tiyang awon, utawi anjagi [a...]

--- 1136 ---

[...njagi] manawi wontên mêngsah nêdya anggêpuk praja paduka. Sarêng lampah kawula wau dumugi ing lèpèn: Pusahi, sumêrêp abdi paduka pun Dhobrinya sawêg pôncakara kalihan naga Gurindayêksa. Dhobrinya sagêd mênang juritipun, ing wêkdal punika pancènipun naga wau sagêd pinêjahan, nanging sarêng pun naga nêdha pangapuntên saha anyagahi salami-laminipun tansah badhe dados sadhèrèkipun sinarawèdi, sakala punika manahipun Dhobrinya lajêng lilih, lan salajêngipun naga nuntên linuwaran. Makatên ingkang kawula sumêrêpi. Jalaran saking punika, mênggahing pamanggih kawula, ingkang sagêd angluwari rayi paduka Dèwi Pujatisna, saking panguwasaning naga Gurindayêksa, botên wontên sanès kajawi pun Dhobrinya. Satriya tuwin prajurit sanèsipun, têmtu botên badhe kuwawa mêngsah kaliyan naga wau, beda kalihan pun Dhobrinya, manawi badhe angluwari rayi paduka wau têmtu kanthi gampil, kantun nêmbung dhatêng sadhèrèkipun sinarawèdi kemawon, sang putri têmtu ing sanalika inggih lajêng dipun luwari kemawon.

Sadaya tamu lajêng sami nyawang dhatêng Alyasa, ing sêmu sadaya sami botên pitados dhatêng aturipun wau. Makatên ugi Prabu Wladhimir, amila lajêng andangu piyambak dhatêng Dhobrinya makatên:

He, Dhobrinya, apa bênêr ature Alyasa iki mau.

Aturipun Dhobrinya: Dhuh, gusti, walèh-walèh punapa,inggih yêktos makatên.

Salajêngipun sang prabu nuntên angandika makatên:

Dhobrinya, tindakira iku mau kaliru bangêt. Ingatase naga gurindayêksa iku salawas-lawase mung gawe rusak nagara apadene kawulaningsun, têka wis ana ing tanganira, ora sira patèni babarpisan, malah sira luwari. Luwih dosa manèh tumrap sira, dene sira saduluran karo naga mau. Saiki sira sumurup dhewe, walêse naga mau nyang kabêcikanira, yaiku banjur anggondhol sadulur ingsun Dèwi Pujatisna, kang kagawa mênyang guwane. Jalaran saka iku, Dhobrinya, dina iki uga sira mangkata munggah nyang gunung Sorotya, lumêbua ing guwaning naga, lan rêbutên sadulur ingsun wadon Dèwi Pujatisna. Yèn sira bisa bali kanthi anggawa sadulur ingsun wadon, bakal gêdhe ganjaran ingsun, nanging yèn sira nganti bali lêlahanan, sira bakal ingsun kêthok gulunira.

Dhobrinya dipun dhawuhi dening sang nata sêsêmbahanipun ingkang makatên wau, ngêmungakên kèndêl kemawon, awit angrumaosi kalintuning lampah, amila inggih lajêng andhingkluk tanpa purun tumênga. Sasampunipun rampung dhawuh pangandikanipun sang prabu, Dhobrinya lajêng mênyat saking palênggahanipun, ngaturakên gênging panuwunipun dhatêng sang prabu dene sampun tinimbalan ing pahargyan ngriku, saha lajêng nyuwun pamit mêdal ing jawi.

Dhobrinya lajêng mantuk dhatêng ing griyanipun kanthi rêrikatan, saha lajêng anjujug ing kamaripun ingkang ibu. Ingkang ibu sakalangkung ngungun ing galih, dene putranipun enggal-enggal wangsul. Sakala punika ingkang ibu inggih lajêng mangrêtos, bilih wangsulipun ingkang putra enggal-enggal punika, mêsthi wontên sabab ingkang wigatos, punika katitik saking wadananipun ingkang putra ingkang ing sêmu nandhang prihatos agêng, amila ingkang ibu lajêng enggal-enggal andangu dhatêng ingkang putra makatên:

Dhuh, Dhobrinya, anakku, mara, tumuli caritaa nyang aku, mungguh sabab-sababe dene ing sêmu kowe katon susah bangêt mêngkono. Apa ana ing pahargyan ing kadhaton, kowe pinaringan panggonan kang ora mathuk karo pangkatmu utawa aslimu. Apa anggone nyênyuguh kowe diliwati ing kônca-kancamu. Utawa ana ing kono ana satriya utawa prajurit kang ngina utawa ngrèmèhake nyang awakku.

Dhobrinya umatur makatên:

Dhuh, ibu, dhawuh pangandikanipun ibu wau sadaya lêpat, wontên ing kadhaton kula pinaringan papan ingkang sampun pantês sangêt mênggahing kula, panyêgahipun anggur utawi dhêdhaharan sanèsipun, kula ugi botên dipun langkungi, makatên ugi botên wontên satriya utawi prajurit ingkang kumapurun ngina punapadene ngrèmèkakên dhatêng kula. Botên punika ingkang adamêl gênging prihatos kula. Nanging ing kala wau nata sêsêmbahan kula, Prabu Wladhimir, katingal sangêt gêla panggalihipun ing bab kalintuning tindak kula. Mênggah sabab-sababipun, kala wau enjing kula sagêd angrangkèt naga gurindayêksa, nanging botên nuntên kula pêjahi, kosokwangsulipun malah kula luwari, sabab piyambakipun angarih-arih kanthi tawan tangis supados kagêsangana. Ing kala punika naga wau aprasêtya dhatêng kula, salami-laminipun badhe dados sadhèrèk kula sinarawèdi, botên badhe anggondhol tiyang malih, lan botên badhe angrêbat anaking tiyang malih. Makatên ugi piyambakipun aprasêtya botên badhe ngambah praja Ruslan malih. Lêpat kula, dene kula pitados dhatêng prasêtyanipun naga wau. Saha piyambakipun lajêng kula luwari. Nanging malêsipun naga dhatêng kasaenan kula wau, têka lajêng anggondhol Dèwi Pujatisna ingkang nuntên kabêkta dhatêng ing guwanipun. Ingkang punika sang prabu lajêng ngutus dhatêng kula minggah dhatêng rêdi Sorotya, kadhawuhan lumêbêt ing guwaning naga angrêbat sang putri wau.

Badhe kasambêtan.

--- 137 ---

Nomêr 35, taun II

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, Juru pangripta: Rr. Siti Mariyam. Kawêdalakên sabên Rêbo.

Anyuda kathahing lalêr, sukur sagêd nyirnakakên babarpisan.

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 70.

Wêwarnèn biru punika ugi dipun sirik ing lalêr, mênggah sababipun kadospundi: punapa wêwarnèn punika nyakiti mripatipun lalêr, punapa kabêkta saking warni biru punika ayurêmakên padhanging cahya, satêmah namung dados rêmêng-rêmêng, dèrèng kasumêrêpan ingkang gumathok.

Caraning damêl labur biru, upaminipun:

toya tawa 100 l, apu (ênjêt) 5 kg, ultramarijn-blauw ½ kg. (ugi kenging ngangge nila wêrdi utawi blauwsel).

Pratikêl ing nginggil punika smapun kathah ingkang ngêcakakên, upaminipun ing griya-griya pamragatan, pêkên-pêkên utawi bango-bango panyadean daging, kreta utawi grobag pangusungan daging.

Wontên malih rekayada anêbihakên lalêr mawi sarana makatên, angêjura tawas, wawrat 1 kg. ing toya bêntèr. Sasampunipun, ngêjura apu saèmbèr. Campuran kalih warni punika lajêng kangge angusari tembok (dados caranipun anglabur), miturut wêwarah, campuran punika gadhah daya anggaringakên yiyit, ingkang dumunung ing suku-sukunipun utawi sungut-sungutipun lalêr, ing satêmah botên sagêd mencok ing tembok-tembok ingkang sampun dipun usari campuran ingkang kasêbut ing nginggil wau.

B. Rekadaya amêjahi lalêr sarana pasangan têtêdhan.

Anyampura formalin (Sagêd mundhut ing grigriya. panyadean jampi utawi Apotheek) ingkang kêrasipun 40% kalih sendhok dhahar kalihan susu watawis satêngah litêr. Campuran punika lajêng kaêsokna ing piring-piring cèpèr. Ing têngahing piring kasukanana roti sairis mawi kawuwuran gêndhis. Ing ngriku lalêr-lalêr têmtu lajêng sami dhatêng ngrubung roti punika, ingkang têmtunipun lajêng nêsêp formalin, ing wasana pun lalêr lajêng pêjah.

--- 138 ---

Kajawi punika ugi sagêd ngangge campuran makatên: sabagean formalin, 4 utawi 5 bagian sêtrup, punapa mabên, tumuntên kaêsokna ing piring cèpèr kados ingkang sampun kaaturakên ing ngajêng, nanging samangke botên susah mawi kadèkèkan roti.

C. Anêbihakên lalêr saking badanipun kewan ingah-ingahan: manawi panjênêngan salah satunggal kagungan lêmbu pêrêsan, môngka lêmbu punika tansah dipun rubung ing lalêr, punika sagêd nuwuhakên sabab warni-warni ingkang botên prayogi.

Badhe kasambêtan.

R.A. Harsana

Bab Olah-olah

Nglêksanani pamundhutipun sadhèrèk juru pangripta R.r. Siti Maryam, bab rêsèp sapele.

Bumbu rujak.

1. Amêndhêta godhong pohung ingkang nèm 1 tenggok alit, kakumbah rêsik. Maruda klapa 1 ingkang cêkapan, bumbunipun brambang bawang, lombok abrit 5, rawit 10, gêndhis jawi pangaos 1 sèn, asêm 1 klungsu, salam laos, sarêm, traos, sacêkapipun, kapara kirang asin. Lajêng kaulêg lêmbat sarta kaulêt lan kalapa ingkang waradin. Angumbaha gêrèh pêda (tongkol) 5, dipun bucali êndhas lan têlèhipun, lajêng dipun lintingi kalambaran godhong pohung, lajêng bumbu, gêrèh wontên têngah kabuntêl ulêtan kalapa wau, nuntên kalinting, lajêng kaêdang satanakipun, lajêng dipun garangi ing sangan, katindhihana banon enggal.

Pêcêl wijèn.

Kèpèk (mlandhingan ingkang taksih ênèm) kagodhog ingkang mumut. Wijèn kagorèng sangan, lajêng kaulêg lêmbat, kabumbonan: sarêm, traos, lombok, gêndhis, asêm, dipun jèri wedang jarang, jêram purut. Kagêm dhahar kèpèk ingkang sampun kagodhog wau.

Bothok kêmlandhingan

Mlandhingan sêpuh, klapa ênèm, bumbunipun: brambang bawang, lombok, sarêm, traos, salam laos, gêrèh têri, êso, kagodhog sarêng ngantos matêng.

Gudhang tuntut

Tuntut, kabakar, lajêng kagodhog. Lajêng dipun kumbah kapêrêsana ingkang apuh. Damêl bumbu: bawang, kêncur, sarêm, traos, lombok, gêndhis, jêram purut, kaulêg lêmbat, kacampur klapa cêkapan, lajêng kaulêtan tuntut wau.

5 Gudhêg manggar

Manggar nèm, kagodhog, kakumbah, dipun santêni, kaparingan ulam ayam 1, bumbunipun: tumbar jintên, brambang bawang, sarêm, traos, salam laos, gêndhis, tempe bosok, kêmiri, kagodhog satanakipun.

Wasana nyumanggakakên.

Adi

Wanasari

--- 139 ---

Bab Nyêrat Ambathik

Ing ngriki kula tumut udhu ing bab nyêrat. Saèstunipun padamêlan nyêrat punika kêgolong satunggiling padamêlan ingkang kêdah katindakakên kalayan mungkul, tumraping wanita ingkang sampun nyêpêng bale griya. Dene katingalipun namung dados sambèn, tuwin kapetang padamêlan rêgêd, samantên punika manawi dipun tandhing kaliyan padamêlan ngrenda sapanunggilanipun. Namung tumraping raosipun wanita Jawi ingkang kêgolong kina, padamêlan nyêrat punika malah kêgolong dados baku tatakramaning tiyang gêgriya.

Mênggah têrangipun, panindaking damêl tiyang nyêrat ingkang sampun mêngku bale griya, punika manawi kakungipun sampun tindak dhatêng padamêlan. Kèndêlipun samôngsa wiwit olah-olah, sabibar olah-olah, wiwit malih dumugi sakonduring kakungipun. Nanging tumrap ingkang pancèn kangge nyambut damêl, panyêratipun sadintên muput, malah dalu nyambut damêl malih, dipun wastani nglêmbur.

Ing sapunika prêlu mratelakakên sakêdhik ing bab ingkang dipun wastani sinjang parangrusak, punika dêdongènganipun mêndhêt saking wujuding parang sapinggiring sagantên ingkang sami risak, wujudipun lajêng kapêtha, kawangun dados kados wujuding sinjang parangrusak, ingkang kacêtha ing gambar, punika parangrusak tiron.

Sawarnining sinjang bangsaning parangrusak, punika mawi mlinjon, inggih punika ingkang wujud pasagèn miring gandhèng-gandhengan. Dene agêng aliting sêratan, tuwin ewahing wangun, lajêng ngewahakên namaning sinjang, nanging taksih baku parangrusak, upaminipun parangrusak ingkang sêratanipun agêng-agêng sangêt, dipun wastani parangrusak barong, sabên suda agêngipun, namanipun inggih santun.

Sinjang parangrusak punika dipun wastani sinjang garis miring, wujuding garis-garis dhoyong botên manut adêging sinjang. Sinjang punika tumraping nagari karajan Jawi, kalêbêt dados awisan. Ingkang wênang ngagêm namung para bandara. Wontên ingkang cariyos awisan wau dumunung wontên ing malinjonipun, botên jalaran saking anggèning garis miring. Nanging tumraping sinjang garis miring, punika inggih sampun dipun anggêp dêksura manawa dipun angge sowan ing pangagêng.

[Grafik]

Mênggah sajatosipun, tumrap pinanggihipun wontên ing sawangan, kajawi sampun kêbêkta saking kêpasuking raos, barang awisan punika malah dados penginan, ugi pancèn nyata sinjang ingkang agaris miring punika wujudipun sae, manawi dipun angge katingal ngegla.

Biyang Sri.

--- 140 ---

Palakrama

Ing udyana Kajawèn ngriki, kêrêp angrêmbag bab-bab ingkang gêgayutan kalihan kuwajibanipun sadhèrèk wanita, langkung-langkung ing taman jagading wanita, ingkang dipun êmbani dening panjênênganipun Radèn Rara Siti Maryam, têmtu tansah ngrêmbag bab prakawis punika, kados ta ngrêmbag bab anjodhokakên anak èstri, tiyang èstri cêpêng damêl tuwin sanès-sanèsipun. Mila bab palakrama punika badhe kula jèrèng wontên ing ngriki ingkang ragi sawatawis panjang, prêlunipun sagêda kangge lêlimbangan lan indhaking sêsêrêpan, tumrapipun para maos sadaya.

Palakrama punika saya lêbêt pangrêmbagipun, tamtu saya katingal gawatipun, amargi palakrama punika kenging dipun wastani dados dhasaring gêsang, manawi dhêdhasar wau sae, inggih tamtu santosa adêgipun, kosokwangsulipun, manawi dhêdhasaripun kirang sae, inggih kirang kuwawi adêgipun, tarkadhang malah ambruk. Ing Sêrat Menak, sêkar asmaradana, wontên ingkang mratelakakên makatên:

Pratikêle wong akrami / dudu brana dudu warna / amung ati paitane / luput pisan kêna pisan / yèn gampang luwih gampang / yèn angèl angèl kalangkung / tan kêna tinambak arta //

Dados têrangipun, tiyang punika manawi anggènipun jêjodhoan sagêd kalêrêsan, inggih tamtu sae gêsangipun. Mila prêlu sangêt dhêdhasar wau dipun galih saenipun.

Dene prêlunipun palakrama punika miturut pamanggihipun para ingkang ahli, makatên:

1. Kabêkta saking gêsanging jalêr lan èstri sami gadhah daya badhe woworan.

2. Rumaos bêtah kanthining gêsang.

3. Kangge mêpêrakên hawa napsu, ing bab lampah ngiwa.

4. Sanès-sanèsipun.

Bab 1. Prêlu kangge lantaran anggènipun badhe mêncarakên wiji.

Bab 2. Supados wontêna ingkang ngrencangi anggènipun nindakakên wajibing gêsang, inggih punika:

Ha. Ingkang tumrap badanipun piyambak, nyêpêng bale griya, anggulawênthah anak, ngudi saening panggêsangan, tuwin sanès-sanèsipun.

Na. Ingkang tumrap ing sanès, têtulung utawi ambiyantu kawilujênganing sanak sadhèrèk, kulawarga, tôngga têpalih, jêmbaripun dumugi bôngsa utawi manusa sadaya.

Ca. Kangge ngabêkti dhatêng ingkang murbèng jagad.

Ngèngêti samantên agêngipun palakrama, mila kêdah wontên sarat rukunipun tumrap pamilihing èstri ingkang badhe ingangkah jatukrama, inggih punika:

1. Sae warninipun.

2. Asli nalurinipun

3. Pintêr.

4. Sae kalakuanipun

1 dumugi 4 kenging karingkês dados saêbab, inggih punika: jodho. Têgêsipun cocog sadayanipun. Basanipun Arab, manawi botên kalintu kufu. Badhe kasambêtan.

K. 1753.

--- [1137] ---

Ôngka 73, Stu, Wa, 6 Rêjêb, Ehe 1868, 11 Sèptèmbêr 1937, Taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun : Pangungsêt - Ajar pêrang-pêrangan wontên ing sagantên - Ningali salju sawêg sapisanan - Kawontênan ing Tiongkok - Ngingah ulam ing wadhah - Plêsiran ing Pasar Gambir - Kabar warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Prabu Arjunasasra

Pinanggihipun wontên ing dêdongengan, Prabu Arjunasasra punika titising Wisnu. Tumraping kapitadosan, sintên tiyangipun ingkang kêtitisan Wisnu, lajêng anggadhahi kalangkungan ingkang ngungkuli sasamining tiyang, saha sampun limrah, kapitadosan ingkang kados makatên wau dipun ajêngi ing tiyang saha nganggêp nyatanipun, tôndha yêktinipun, pinanggihipun wontên ing pawayangan, sintên ingkang kêtitisan Wisnu: pêng-pêngan sangêt, kados ta Prabu Rama, Prabu Arjunasasra, Nata Dwarawati, tuwin sanès-sanèsipun.

Manawi ngèngêti piyandêl kados makatên punika, lajêng katingal bilih wontênipun namung kandhêg wontên ing piyandêl, tuwin namung nganggêp lêrês, awit ingkang kêtitisan Wisnu wau sami ratu, ingkang drajatipun pancèn sampun bineda kalihan sasamining tiyang. Piyandêl makatên wau, manawi dipun manah panjang, nama lajêng ngapêsakên badanipun piyambak, awit lajêng ngrumaosi bilih tinêbihan ing drajat kados makatên. Nama lajêng kêplantrang.

Ing sapunika kêdah dipun gathukakên kalihan kajênging ringgit. Cariyosipun ngakathah, jagading pawayangan punika sampun wontên badanipun piyambak, pancènipun tumraping piyandêl inggih kêdah mapan yêktos wontên ing badanipun piyambak. Nanging inggih adhakan kêlintu malih, awit sarêng gadhah kapitadosan, lajêng ngakêni bilih para ringgit ingkang langkung wau sampun wontên badanipun piyambak.

Mirid wawasan, gathukipun Sukasarana, Sumantri tuwin Arjunasasra, raosipun kêdah angakêni: icaling Sukasarana, wontên Sumantri, dene Sumantri punika sampun sairib kemawon kalihan Arjunasasra, nyatanipun asring kajumênêngakên wakil, nanging nyatanipun pancèn beda.

Mênggahing pangungsêt, icaling kamurkan (Sukasarana) punika saking kêtuwuhan ing kautamèn (Sumantri), ing ngriku andayani dhatêng lêrês (Arjunasasra). Tamtunipun kêdah mangrêtos piyambak, lêrês wau tumrap lêrêsing babagan kapangeranan.

Sarèhning babagan pangeranan punika sarwa samar, manawi dipun jèrèng katranganipun têmtu malah samar, botên sande tamtu wangsul dhatêng kapitadosan malih.

Cêkruktruna.

--- 1138 ---

Ajar Pêrang-pêrangan Wontên ing Sêgantên

Kados ingkang sampun kawartosakên, wadya lautan ing tanah ngriki badhe ngawontênakên ajar pêrang-pêrangan, ingkang dipun jênêngi ing kangjêng tuwan ingkang wicaksana. Ingkang sampun kalampahan, ajar pêrang-pêrangan punika ing sabên taun katindakakên kaping kalih, ingkang sapisan namung alit-alitan, katindakakên wontên wiwitaning taun, dene ingkang kaping kalih agêng-agêngan, wontên salêbêting wulan Sèptèmbêr, ngantos kawan dintên.

[Grafik]

Sagantên ing sunglon Lampung ingkang dipun ambah kapal pêrang.

Padatan sabên wontên ajar pêrang-pêrangan ing lautan wau mawi ngulêmi wêwakil pèrês, prêlunipun lajêng sagêd nyêbarakên wartos punapa kawontênanipun. Ing salajêngipun sagêd kasumêrêpan ing umum mênggah kawontênan babagan wadya lautan ingkang rumêksa tanah ngriki samôngsa wontên bêbaya.

Ing sadèrèngipun nyariyosakên cara-caraning pêpêrangan, prayogi nyariyosakên ing bab adêging wadya lautan ingkang wontên tanah ngriki.

Mênggah têrangipun, wadya lautan karajan Walandi punika namung satunggal, têgêsipun wadya lautan wau kangge tigang nagari, inggih punika: nagari Walandi, tanah ngriki tuwin Curacao. Botên kados wadya dharatan, kaperang-perang miturut laladaning karajan wau piyambak-piyambak.

Peranganing wadya lautan ingkang kadèkèk wontên ing tanah ngriki punika wontên saèskadêr. Ingkang kalêbêt petangan saèskadêr wau, inggih punika sadhipisi kapal pêrang agêng ingkang nama kruiser. Sadhipisi kapal torpedho ingkang lampahipun rikat sangêt, pirantos ambujêng mêngsah (torpedobootjager). Sadhipisi kapal silêm. èskadêr kapal pêrang agêng ing tanah ngriki punika Sumatra tuwin De Ruyter, kapal De Ruyter punika kangge nyulihi kapal Java ingkang sawêg dipun dandosi wontên nagari Walandi. Ingkang kapal torpedho pambujêng, inggih punika Van Gent, Kortenaer, Witte de With, kapal ingkang nomêr sakawan, Van Galen, sapunika nuju nindakakên damêl dhatêng Syanghai, dados botên tumut ajar pêrang-pêrangan punika.

Ing sabên kapal punika gadhah têtindhih dipun wastani Commandant, makatên ugi sabên dhipisi inggih gadhah Commandant, dene ingkang kapilih dados Commandant dhipisi, padatan mêndhêt salah satunggiling [satunggi...]

--- [1139] ---

[...ling] Commandant ing salah satunggiling kapal pêrang ingkang kalêbêt ing dhipisi wau. Sakukubaning èskadêr punika dipun pangagêngi ing Commandant malih ingkang botên anggadhahi kapal piyambak, nanging padatan manggèn wontên ing kapal Sumatra.

Ingkang kasêbut ing rancangan ing tanggal 1 Sèptèmbêr, èskadêr sadaya wau bidhal saking Tanjung Priuk dhatêng papan ingkang kangge ajar pêrang-pêrangan. Ingkang bidhal rumiyin piyambak kapal silêm, sasampunipun punika kapal torpedho pambujêng. Sarêng pangagênging dhepartêmèn wadya lautan, ingkang dados pangagênging wadya lautan ing tanah ngriki sadaya, Schout bij Nacht Ferwerda sampun minggah ing kapal De Ruyter, kapal Sumatra lajêng bidhal, kintên-kintên wanci jam sanga enjing. Komandhaning èskadêr wau manggèn ing kapal Sumatra.

Kapal sadaya wau lampahipun ngênêr dhatêng panggenanipun piyambak-piyambak ingkang sampun katamtokakên dening komandhan, èskadêr kaptin tèrse C.E.L. Helfrich, makatên ugi kapal-kapal sanèsipun, kados ta ingkang kangge anggèrèt lesan kangge sinau nglêpasakên mriyêm saking kapal-kapal wau. Malah pangajaran ingkang langkung wigatos tumraping wadya lautan, punika bab anglêpasakên mriyêm.

Lampahipun kapal pêrang Sumatra ngênêr dhatêng sunglon Lampung, labuh sakêdhap wontên sunglon Ratai, wêwêngkon sunglon Lampung wau. Dalunipun kapal Sumatra badhe nglêpasakên mriyêm kaêlèsakên ing lesan ingkang sampun dipun pasang wontên ing sunglon Lampung ingkang kêdah dipun padosi saha dipun incêng ing wanci dalu.

Ing dintênipun Kêmis tanggal 2 Sèptèmbêr ing kapal Sumatra ngawontênakên gêladhèn ngandhapakên motor mabur wontên ing sagantên tuwin madosi kapal silêm kanthi motor mabur wau. Sontênipun nyanjata dhatêng gêgana, inggih punika nyanjata lesan ingkang dipun bêkta dening motor mabur.

[Iklan]

Dalunipun ngambali gladhèn kados ing malêm Rêbo, nanging lampahing kapal langkung dipun rikatakên. Ing dintên Jumuwah siyang kawontênakên gêladhèn anglêpasakên mriyêm saking katêbihan, têbihipun 16 km. ing dintên Jumuwah wau kangjêng tuwan ingkang wicaksana tuwin pangagênging wadya lautan, nitih kapal Sumatra badhe nguningani ajar-ajaran punika. Sasampunipun mriksani nglêpasakên mriyêm ing malêm Jumuwah, kangjêng tuwan ingkang wicaksana lajêng têdhak dhatêng Mêrak.

Kados makatên ingkang kasêbut ing rancangan.

Badhe kasambêtan.

--- [1140] ---

Ningali Salju Sawêg Sapisanan.

[Grafik]

Wangsulipun para pandhu ing tanah ngriki ingkang dhatêng Genua dening panuntunipun kaajak darmawisata dhatêng Zwitserland. Wontên ing ngriku para pandhu sami ningali salju utawi gletscher inggih punika sakathahing ès ingkang sami ambaludag wontên ing pèrèng punapadene sêla-sêlaning rêdi. Anggèning ningali para pandhu wau sajak gumun.

Ing ngandhap punika gambaripun para pandhu nuju sami ngombe ès wau wontên ing Kander-gletscher, kintên-kintên lampahan 4 jam saking Kandersteg.

Ing têmbe para pandhu wau yèn sampun wangsul dumugi ing griyanipun piyambak-piyambak, sampun tamtu sagêd nyariyosakên kawontênanipun nagari-nagari ingkang sampun dipun ambah wontên ing nagari Eropah.

Dintên Sênèn ngajêng punika manawi botên wontên pambêngan satunggal punapa, para pandhu wau dumugi ing Tanjung Priuk.

--- 1141 ---

Kawontênan ing Tiongkok.

Ramening paprangan ing Tiongkok saya katingal, tandangipun Jêpan kanthi ngêtog karosan, makatên ugi tumrap Tiongkok, anggènipun nanggulangi inggih botên nguciwani.

[Iklan]

Pangangsêgipun Jêpan anggèning pados margi badhe malêbêt dhatêng Syanghai botên kêkirangan gêlar, dhasar kasêmbadan botên kêkirangan wadya ingkang sami pêpilihan. Pangrantamipun, samôngsa wadya Jêpan dipun angsahakên, tamtu andhadhalakên barisaning mêngsah. Yêktos, Jêpan sagêd ngangsahakên wadya sagolongan agêng sêsarêngan, nêmpuh dhatêng Syanghai ing wanci dalu. Lampahing baris kados tumêmpuh ing alun agêng minggah ing dharatan, lajêng angêlêbi damêl karisakan. Nanging pangrancangipun Jêpan ingkang lajêng kawujudakên wau malèsèt saking tangguh, panêmpuhipun dipun tanggulangi dening wadya Tiongkok ingkang sakalangkung santosa, sagêd ngundurakên wadya Jêpan cacah 60.000, lajêng sagêd ngêsuk ngantos mundur 24 km. Malah wadya Tiongkok sagêd ngajêngakên baris wontên sacêlaking lèpèn Wangpo malih.

Tandangipun wadya Tiongkok ingkang kados makatên wau ngantos adamêl gumuning para ahli paprangan bôngsa ngamônca ing Syanghai, dene katingal saening tindak tuwin sayuking tumandangipun, saha kênyatan anggèning sagêd ngundurakên panêmpuhing wadya Jêpan ingkang katindakakên kanthi karosan. Ing ngriku kêtitik bilih tandangipun wadya Tiongkok punika beda sangêt kalihan taun 1932, dados salêbêting gangsal taun kemawon sampun kathah sangêt kaotipun.

Ungguling wadya Tiongkok ing pêpêrangan punika ugi nama manggih papan ingkang ing ngajêng sampun kêbrokan ing mêngsah, mila lajêng badhe saya ngêdêgakên kasantosan ngiyatakên pabarisan ing ngriku, sampun ngantos mêngsah sagêd malêbêt dhatêng Syanghai.

Ing mangke tumrapipun Jêpan, pancèn sampun dipun suwurakên gêgambèning prajurit, unduripun wadya ingkang kasoran lajêng sagêd mapan malih, makatên ugi dhatênging bêbantu botên wontên kêndhatipun. Unduring wadya Jêpan dipun bantu ing wadya lautan, lajêng ngrutugakên mriyêm agêng-agêng saking lèpèn Wangpo dipun ênêrakên dhatêng Potung. Panêmpuhipun Jêpan wau nama santun gêlar ngangkah dhatêng papan sanès. Namung sarèhning tumraping wadya Tiongkok sampun [sampu...]

--- 1142 ---

[...n] mirantos ing saênggèn-ênggèn, ugi malês anglêpasakên mriyêm, ngrika-ngriki manggih karisakan. Wadya lautan Jêpan ingkang wontên ing lèpèn Wangpo tansah ngingar-ingêr gêlar mudhig milir tuwin tanpa kêndhat anglêpasi mriyêm dhatêng pabarisan Tiongkok.

[Grafik]

Gambar êblakipun kitha Syanghai salaladanipun.

Jêpan pancèn wêgig dhatêng gêlaring pêrang, punika katitik sarêng cabar panêmpuhipun, lajêng santun ênêr ngrisak dhatêng Potung, mênggah sêdyanipun botên sanès namung badhe pados margi, awit manawi Potung tanpa kasantosan, Jêpan sagêd nungsungakên kapalipun saha sagêd nginggahakên wadya wontên sakidul Syanghai.

Tumindaking lêpas-linêpas mriyêm saking dharatan Potung tuwin saking kapal pêrang Jêpan tanpa kèndêl, wusana Potung dados karang abang, latu makantar-kantar dados tandhaning kêbêsmèn, urubing latu ngantos kados sundhul ing langit. Ing ngriku Jêpan lajêng suka pêpèngêt dhatêng Tiongkok, manawi mriyêm-mriyêm Tiongkok tansah dipun lêpasakên dhatêng kapal pêrang Jêpan, wadya lautan Jêpan kêpêksa badhe ngewahi tindakipun, migunakakên mriyêm [mriyê...]

--- 1143 ---

[...m] ing sacêlakipun kapal-kapal pêrang ngamônca, ingkang pikantukipun tamtu badhe damêl botên sakecanipun Tiongkok.

[Iklan]

Ingkang pêrang sampun sami waringutên, botên wontên rêmbag tuwin pamrayogi ingkang dipun tampi sae, awit sadaya wau saking rêmbag saha pamrayogining mêngsah. Sarêng golongan kalih wau sampun katog anggènipun pêrang, lajêng sirêp sawatawis. Nanging sajatosipun kèndêlipun wau malah sami nyantosakakên barisipun. Jêpan sadhiya badhe nêmpuh kanthi karosan. Dhasar nyata dhatênging wadya bêbantu saking Jêpan tanpa pêdhot, wontên kapal 30 kêbak isi wadyabala malêbêt dhatêng lèpèn Wangpo, nginggahakên wadya wontên ing palabuhan Hongke, wadya sadaya wau kangge sadhiyan nêmpuh sêsarêngan.

Kados ingkang sampun kacariyosakên ing ngajêng, Ruslan badhe ambiyantu dhatêng Tiongkok. Bab punika, miturut wartos, sampun wontên motor mabur Sopyèt cacah 29 sami dipun lampahakên dening juru anggêgana Sopyèt, sampun mandhap wontên papan paprangan ing Syanghai. Kajawi punika wontên malih motor mabur 250, mriyêm 100 tuwin mriyêm pirantos anglêpasi motor mabur sampun bidhal saking Ruslan dhatêng Tiongkok.

Murih para maos sagêd dhamang sawatawis dhatêng wontêning papan paprangan, mriksanana gambar sasisih punika.

[Iklan]

--- 1144 ---

Ngingah Ulam ing Wadhah

Sambêtipun Kajawèn nomêr 72.

Ing bab kawruh ngingah ulam ing wadhah, punika manawi miturut tatanan ingkang saèstu, pancèn inggih riwil sangêt. Namung tumrap ingkang sampun ngêcakakên, dangu-dangu inggih lajêng mangrêtos piyambak, jalaran saking pakulinan. Ingkang gampil kasumêrêpan, kados ta manawi nyantuni toya, punika wontên ulam ingkang botên tahan saking ebahing toya, adhakan lajêng dados tiwas. wontên ingkang jalaran saking botên cocog dhatêng pakanipun. Nanging bab punika kados botên prêlu kapratelakakên panjang, amargi tumrap ingkang ngingah badhe ngalami.

[Grafik]

Ulam bêthik, bangsaning sêpat.

Ing sapunika prêlu nyariyosakên ing bab tata gêsanging ulam ingkang kenging kangge têtingalan. Mênggahing ulam ingah-ingahan wau kaperang wontên warni kalih, inggih punika ingkang nigan tuwin ingkang ngêdalakên sampun warni anak (manak), nanging mênggah sajatosipun, ulam ingkang manak wau pancèn nêtês nalika taksih wontên ing kandhutan, mangke mêdalipun sampun sagêd anjaranthal langkung kêsit.

Amaning ulam ingkang nigan, punika adhakan tiganipun lajêng dipun têdha piyambak, mila samôngsa kasumêrêpan wontên ulam nigan, tiganipun kêdah lajêng dipun pindhah dhatêng sanès panggenan, punika ugi padamêlan riwil sangêt, kêdah sarwa ngatos-atos. Saya manawi sampun nêtês, punika toyanipun botên kenging ebah, awit manawi ebah, sagêd damêl pêjahing ulam, jalaran saking taksih ringkih sangêt. Ing salajêngipun ulam alit-alit wau kengingipun dipun morakên ulam ingkang agêng manawi sampun ragi agal.

Tumrap ulam ingkang manak, punika awis ingkang nêdha anakipun, nanging ugi wontên kalamangsanipun purun, inggih punika manawi nuju luwe. Mila ing bab pakanipun kêdah dipun jagi sampun ngantos kapiran.

Ulam punika caraning jêjodhoan beda-beda, wontên ingkang oyak-oyakan, wontên ingkang erek-erekan, kalihan nyabêt-nyabêtakên buntutipun, dene ingkang limrah inggih oyak-oyakan wau.

Ingkang katingal anèh, tumraping ulam bangsaning sêpat, punika wiwit caraning jêjodhoan ngantos dumugining nigan, nêtês, katingal anggèning nyambut damêl.

--- 1145 ---

Ing sakawit ulam wau manawi wiwit jêjodhoan, ulam ingkang èstri tansah dipun oyak ing ulam jalêr, manawi sampun sawatawis dintên lajêng kèndêl, dangu-dangu wêtênging ulam èstri katingal agêng, mindhak-mindhak ngantos katingal anjêmbluk.

Manawi sampun wancinipun badhe nigan, ulam ingkang jalêr tansah ngêdalakên unthuk saking cangkêm, unthuk wau ngalêmpak botên sagêd lumèr. Ing kala punika ulam jalêr lajêng ngoyak-oyak ingkang èstri malih ngungkuli ingkang sampun, ulam èstri ngantos katingal lêmpe-lêmpe, ngantos namung manggèn wontên ing dhasar kemawon, ewadene tanpa kêndhat tansah dipun oyak-oyak. Ing ngriku wontên kalanipun ulam èstri dipun pipit ing ulam jalêr, patraping pamipit, ulam jalêr wau anggubêt wontên ing badaning ulam èstri, êndhas tuwin pêthitipun ulam jalêr ngantos gathuk, ulam èstri wontên salêbêting pipitan.

Sasampunipun makatên, ing panggenan unthuk wau pinanggih kêbak wêwarnèn kados cebong lêmbat-lêmbat ewon, warninipun pêthak, tanpa ebah, inggih punika tiganipun. Dados ulam jalêr anggèning mipit ulam èstri punika sajatosipun amlothot wêtêng.

Lêt sadalu, tigan wau sampun sami ebah, botên beda cebong. Anèhipun, ulam alit-alit wau manggènipun ngalêmpak wontên wêwêngkoning unthuk, manawi wontên ingkang mêdal saking wêwêngkon unthuk, sami dipun untali ulam jalêr, mangke dipun lêpèhakên malih dhawah salêbêting wêwêngkon unthuk. Tindak makatên wau ngantos dumugi ulam ingkang alit-alit sampun giras.

[Iklan]

Ing kala punika ulam èstri tanpa ebah nalêsêp wontên ing dhasar, badanipun sami risak, pêthit kèpèt sami pugut, botên nate dipun cêlaki ingkang jalêr, awit ingkang jalêr wau tansah anjagi anakipun wira-wiri, botên angsal pating slêbar. Ing mangke pulih ing karosanipun ulam ingkang èstri, anak-anakipun sampun agal, kèpèt buntut sampun pulih, lajêng jêjodhon kalihan ingkang jalêr malih.

Kados makatên pinanggihing gêsangipun ulam ingkang dipun ingah ing wadhah.

H.

--- 1146 ---

Plêsiran ing Pasar Gambir

II

Petruk : Kang Garèng, adatmu kuwi ambok iya kok owahi, ta. Elinga yèn bakyu kuwi bangsane wong pintêr, wong pangajaran, wêton Milo, lho, dadi iya ngrêti bangêt nyang tingkah laku kang bêcik utawa kang ala. Mulane kowe sing dadi rakane, kudu didhobêlake anggone ngati-ati mungguhing tandang-tandukmu, kaya ta tingkahmu nalikane nonton jogèd bali, tumrape wong pangajaran kaya bakyu kuwi, wah, iya: nistha, asor, gawe wirang pyayi putri, lan sapadhane. Rak iya mêngkono, ta, bakyu.

Biyang Nala : Iya, dhi, mula mangkono, jênêngane bae: jogedan, ngêjog-êjog ngajak edan.

Garèng : Wong lanang jogedan, diunèkake: nistha, asor, iya, aku tak narima. Cilakane wong lanang ing jaman saiki sing olèh wong pangajaran, iya dikon narima manèh, jaragan kene ora bisa cara Lônda, dikon anêksèni bojone tabikan dawa karo tilas mitrane sakolah lanang sinambi ngomong mangkene: yah sèkêr, sèkêr, nin, nin, nin, turlêk, turlêk, lèkêr, sèh. Mak dhêg, atiku, sing lèkêr kuwi apane, apa iya le cêkêl-cêkêlan tangan ...

Petruk : Hla, wong kaya ngono bae pikiranamu kuwi, Kang Garèng, wong panampamu kuwi mung ala thok. Dupèh kawêtu têmbunge: lèkêr, banjur ditômpa sing ora-ora. Ing kono bakyu rak kêtêmu mitra lawas, têmtune kana rak pitakon kaanane bakyu wêktu saiki, hla, miturut cara kasusilane, wis dadi wajibe bakyu kudu mangsuli: bêcik, sênêng, lèkêr, mêngkono, Kang Garèng ...

Garèng : Ha iya, mung bae awakku sakujur mêksa iya banjur lêmês sanalika, barêng bakyumu pamitan, wis sumèh bangêt, kathik nganggo nyuwara dicêmêngkling-cêmêngklingake: dhah, dhah, dhah, dho-wah, dho-wah ...

Mak Kamprèt : Sampun duka, bakyu, malah wajib sukur dhatêng Pangeran, dene samantên trêsnanipun mas Nala dhatêng bakyu. Awit, miturut pangandikanipun para sêpuh: butarêpan punika sêkaring trêsna ...

Biyang Nala : Mungguh trêsnane kangmasmu nyang aku, aku mula iya ora maido, malah nganti tôngga têparo ngunèkake kene, uripe prasaksat: mimi mintuna. Ora, dhi Petruk, kae tongtonan apa, dêlêngane kok rame.

Petruk : Hla, kae sing diarani: dhug hop. Hla nèk lumêbu ing kono, rame lan lucu bangêt, bakyu, wis pêtêng kathik dalane pating tlêsêr pirang-pirang, wong sok bisa kêsasar-sasar. Arêp mlêbêt apa bakyu, môngga.

Garèng : Kanggo wong-wong saaku kowe, wis ora ana lucu lan ramene, wis bosên, Truk. Sing bisa sênêng lan rame lumêbu mrono kuwi, rak tumrape pangantèn anyar, utawa wong-wong [wong-...]

--- 1147 ---

[...wong] kang lagi ... pêrlip-pêrlipan.

Biyang Nala : O, dadi kowe wis bosên karo aku, wis bo ...

Mak Kamprèt : Bakyu, bakyu, môngga, lho, pun priksani mênika, ing resturan-resturan kêbak sadaya. Ingkang agêng wontên ing têngah punika resturan Jawi, resturan Purwadadi. Hla, manawi badhe dhahar masakan Walandi, mênika wontên ing resturan Capitol, masakan Tionghwa, hla mênika resturan Tay Tong, manawi badhe dhahar masakan sarwa samin, mênika resturan India.

Biyang Nala : Wèh, hla kok pêpak bangêt, ta, ayo saiki padha mubêng-mubêng bae dhisik. Lho dhi, sing rubung-rubung dêlêngane rame bangêt kae apa.

Petruk : Hla, ing kana kae tongtonan warna-warna bangêt, iya, drimolên, sulapan, dhangsih-dhangsih, lan êmbuh apa manèh. Cêkake tongtonan sênenjong godhog kae. Ayo, ta, bakyu nèk arêp mriksani. Hla, iki yun-yunan sundhul puyuh. Ambak-ambak kaya ngono, kuwi kêna kanggo nitik awake dhewe, apa bisa dadi juru anggêgana utawa ora. Awit wong dadi juru anggêgana kuwi kudu: sabar, têtêg atine, lan sapiturute ...

Garèng : Aku mêsthi bisa lan wani, Truk, apa ngilang-ilangake anggone nayaranaku dadi tukang ... ngrontogi dhukuning tôngga. Ayo, Truk, padha nunggang, aku sing arêp tuku karcis, ngiras-ngirus ngulinakake cara Inggris: Hallo, mastêr, ai wil (I will) naik dhi situ, ho mac (How much) musti bayar, kangge tiyang samantên. O-ke.

Petruk : We, hla, mêtu kadigdayane, Kang Garèng, sanadyan tanpa muni apa-apa, mung cara ocang-acung kaya kowe kuwi mau, kanane iya mêsthi wis ngrêti. Ayo, wis, saiki padha nunggang.

[Grafik]

Garèng : Wèthèh thithèh, wadhuh, le kêpenak, le mathuk panggonane lungguh. Awas, Truk, wis arêp dilakokake. Aja wêdi, lho, ora barang-barang iki, hut - hut - e, hla dalah - tolung, tolung, Ndara Kangjêng Gusti Allah, pun paringi pêrlèngêng gêsang, tolung, tolung ...

Biyang Nala : Mara, ta, ibune Kamprèt, apa wong lanang ora mung arêp gawe isin wong wadon bae. Ya kuwi nèk adate kakangmu, ana [a...]

--- 1148 ---

[...na] ing ngarêp mêsthi plênthas-plênthus, nanging nèk dikon ngêcaki têmênan, iya banjur mak: pêngkêrêt. Lagi anu kae malah kêtanggor, nganti isin bangêt aku. Plênthas-plênthus jarene bisa main: cimandhik, cikalong, malah bisa main: jujitsu, barêng kalakon ditantang wong têmênan, wangsulane: ayo, yèn kowe arêp nyoba aku, ana ing pasar yèn wani, cikbèn ... tumuli dipisah. Hara, apa ora ngisin-isini kuwi. Ayo, bune Kamprèt, padha dhisik bae, mêngko rak iya padha nusul.

[Grafik]

Garèng : Wadhuh, Truk, tak arani atiku wis arêp dionslah têmênan, wong sing katon nyang mataku mung ... Kirun wa Nakirun. Nèk ora enggal-enggal kotambani, saiki kiyi aku sida kalakon ambruk ana ing kene têmênan. Ayo, Truk, enggal aku tambanana nganggo ... sêga gule, satene kambing ... sêpuluh sunduk bae.

Petruk : We, hla, gênahe iki cara Banyumase wêtênge kang Garèng rada: kêncot, ayo ta, saiki padha nusul nyonyah-nyonyah, hla, kae apa. Bakyu, bakyu, utawa kowe makne Kamprèt, apadene kang Garèng, ayo padha ngaso-ngaso dhisik ana ing warung kana kae, lim-liman lan mangan ropyan-ropyan sinambi nonton gambar idhup lan wayang thithi. Aku sing traktir, bakyu.

Sêsorah ing Radhio saking Bale Pustaka

Benjing dintên Ngahad sontên, tanggal 12 Sèptèmbêr 1937, wanci ½ 8 dumugi jam 8, Bale Pustaka ngawontênakên sêsorah ing radhio Nirom 2 golflengte 190, ing bab Lutung Kêsarung. Ingkang mêdhar sabda Tuwan R. Sacadibrata.

Pawartos saking Rêdhaksi

K. 516 ing Plasakêrêp. Tumraping basa ingkang kangge Taman Bocah ngoko, aksara Latin.

K. 2590 ing Pakundhèn. Dèrèng sumêrêp cêthaning warninipun.

K. 1848 ing Sêmarang. Ngêcapakên buku punika botên sagêd namung sakêdhik, apêsipun satus buku. Prakawis waragad, dèrèng sagêd namtokakên, manut kawontênanipun, tuwin awon saening dlancang. Prayogi rêmbagana kalihan pangêcapan partikêlir.

K. 2706 ing Kaliwungu. Babagan makatên punika sampun kêlimrah. Botên kapacak. Nuwun.

Tuwan Krêsna. Karangan panjênêngan punika sampun nate kapacak wontên ing jaman Jawi Kandha tuwin ing sapunika sampun wontên ingkang ngêdalakên dados buku.

K. 2858 ing Kêpanjèn. Prayogi kintuna sêrat piyambak dhatêng P.K.

--- 1149 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Ganjaran tumrap lêngganan radio nomêr 50.000. Tuwan Djapar ing Singosari, kacathêt anggèning lêngganan radio dhawah nomêr 50.000. Kados ingkang sampun kajanjèkakên, tuwan wau tampi ganjaran saking Nirom awarni pirantos radio gagrag ingkang enggal piyambak, kanthi palilah lêlahanan punapadene angsal kalawarti programma radio ugi lêlahanan.

Conducteur dipun kroyok lare sêkolah. Sampun sawatawis dintên nuju ing wanci enjing, sêpur saking Surakarta dhatêng Ngayogya ambêkta lare-lare sêkolah. Ingriku wontên lare sami sawat-sawatan kulit pisang dipun emutakên dening conducteur. Sadumugining Ngayogya nalika conducteur wau dhatêng wande badhe wedangan, dipun kroyok ing lare-lare sêkolah kathah, conducteur wau ngantos nandhang tatu saha ngantos kabêkta dhatêng griya sakit.

Têtiyang ukuman angsal pangapuntên. Anyarêngi dintên wiyosandalêm Sri Bagendha Maharaja Putri, kathah têtiyang ukuman ing Nusakambangan ingkang angsal pangapuntên utawi angsal sudan saking paukumanipun. Tumrap ingkang kaparingan luwar babar pisan wontên tiyang 373, dene ingkang namung angsal sudan wontên tiyang 3636. Têtiyang ingkang kaparingan luwar wau lajêng kaparêngakên mantuk.

Congres Muhammadiyah. Congres Muhammadiyah ing taun punika badhe kawontênakên ing Ngayogya, dhawah tanggal 8 dumugi tanggal 15 October ngajêng punika. Kaji M. Mansoer badhe ngrêmbag ing bab tatanan salakirabi tumrap bangsa tanah ngriki. Muhammadiyah golongan wanita tuwin golongan mudha ugi ngawontênakên congres nunggil dintên wau.

Tatanan bab tumbas sarana nicil. Wontên wartos, ing wêkdal punika Departement van Justitie sawêg nyinau ing bab Undang-Undang ingkang sampun tumindak ing nagari Walandi ing bab tumbas barang sarana nicil (huurkoop). Cara huurkoop punika pinanggih satunggiling tindak enggal ingkang kala pandamêling Burgerlijk Wetboek dèrèng kadamêl. Ing bab punika tumrap nagari Walandi tuwin tanah ngriki pêrlu manah babagan wau saha wajib nêtêpakên kawrat ing anggêr, amargi babagan punika saya dangu pinanggih saya wigatos, saha saupami tindak huurkoop punika dipun awisi, tamtu damêl ribêding têtiyang mêngku balegriya. Ing sapunika ing bab punika tumrap nagari Walandi sampun wontên anggêripun, salajêngipun tumrap ngriki badhe ngawontênakên tatanan mirib anggêr wau, kanthi ewah-ewahan ingkang cocog kalihan kawontênanipun ing tanah ngriki.

Ingsêr-ingsêran saha inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi-Wetan, R. Djanoe Ismadi, wêdana Mojokasri, kapindhah dados wêdana ing Grêsik, paresidhenan Surabaya. Tuwan Soedirdjo Hardjodiwirjo, wêdana ing Singgahan, Bojonêgoro, kapindhah dados wêdana ing Blitar. R. Hairoedin Tjokronegoro, aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi Veldpolitie Kraksaan, kapindhah dhatêng Probolinggo.

Angsal ganjaran. Gupêrnur Jawi-Wetan aparing ganjaran Bijzondere tevredenheidsbetuiging dhatêng R. Sastrodipoero, wêdana ing Tarjun, Pamêkasan, Zainalfattah alias R.P. Notoadikoesoema, wêdana ing Sumênêp, M. Soehari Hadinoto, nalika dados wêdana ing Timurlaut, Sumênêp, sapunika wêdana ing Kalisat, Jêmbêr, sami kêtrimah anggèning ambiyantu ing bab tumindaking damêl babagan pakaryan sarêm.

[Iklan]

Ngêjori pakaryan Post. Jalaran saking kathah sêrat-sêrat kintunan ingkang botên lumantar post, inggih punika botên mawi prangko, saha bab punika nama narajang awisaning post, mila pangagêng pakaryan Post nyuwun biyantu dhatêng pangagêng nagari supados sagêd nyêgah tindak punika. Ingkang pêrlu dipun wigatosakên sangêt ing bab wontêning outobus.

Calon hoofdagent. Kala wulan kêpêngkêr wontên wara-wara bilih pamulangan kangge hoofdagent ing Sukabumi badhe kabikak malih, saha badhe nampèni tiyang umur-umuran ingkang botên kirang saking 20 taun tuwin gadhah diploma kleinambtenaarsexamen. Dumuginipun sapunika ingkang gadhah panuwun sampun kathah. Ingkang kathah sami gadhah diploma Mulo. Ing bab punika tamtunipun badhe kawontênakên pêpriksan rumiyin.

Lare taksih bayi atindak darma. Satunggiling lare ingkang nêmbe lahir nama Siti Chaerani, putranipun priyantun ingkang katingal ing Surabaya, awit saking kajênging tiyang sêpuhipun, darma arta f 25.- dhatêng fonds tumrap student ingkang sami kêcingkrangan ing nagari Walandi, inggih punika para student tiyang siti ingkang asli saking tanah ngriki.

Sudagar bathik wiwit majêng. Ingkang pinanggih ing wêkdal punika, para sudagar bathik ing Ngayogya sami wiwit majêng, amargi rêgining sinjang mindhak 10 dumugi 12½. Mindhaking rêrêgèn wau sayêktosipun manawi dipun timbang kalihan kala rumiyin, inggih dèrèng sapintêna, amargi rêrêgèning barang badhe ugi sami mindhak, namung wontên sênêngipun dene kawontênanipun pêkên sampun ragi pulih rame. Kajawi punika, tumrap pakêmpalaning para sudagar bathik ingkang nama P.P.B.B.P. ngawontênakên rêmbag supados rêgining sinjang sampun dipun indhakakên sangêt, supados panyadenipun sagêd lumintu. Makatên malih ugi gadhah sêdya ngawontênakên fonds ingkang wigatosipun kangge mitulungi dhatêng para dagang alit, sampun ngantos sabên-sabên lajêng ngandhapakên rêgi ingkang badhe damêl kapitunan, tuwin miturut wartos ada-ada punika angsal pambiyantu saking Departement van Economische Zaken.

Ingkang angsal prijs nomêr satunggal. Miturut wartos, ingkang angsal prijs nomêr satunggal loterij ingkang nêmbe dipun mainakên punika tuwan L.L.S. ing Bêtawi, anggènipun tumbas saking nyonyah bangsa Tionghwa ingkang padatan panyadenipun wontên sangajênging kantor Escompto. Kajawi punika wontên tukang kêbon ing Mr. Cornelis ugi angsal loterij wau. Tiyang kalih wau anggènipun tumbas namung nyaparadasan, dados tiyang satunggal angsal f 7500.-

--- 1150 ---

Koki ingkang sêtya. Ing Surabaya wontên koki nama Ginah, nyambutdamêl wontên ing Jongens-Weezen-Inrichting. Koki wau anggèning nyambutdamêl wontên ingriku sampun 50 taun. Nyarêngi wiyosandalêm Nata, Ginah wau tampi bintang prunggu minangka tandhaning kasêtyan. Ingkang nampèkakên bintang wau pangarsaning pakêmpalan Mr. H. Bekkering, kanthi wêwakilipun ingkang Bupati ing Surabaya tuwin sanès-sanèsipun. Kajawi punika Ginah inggih tampi ganjaran amplop isi arta. Makatên ugi tumrap tiyang ingkang nate dipun ladosi wontên ing griya ngriku ugi wontên ingkang nyukani amplop isi arta. Samantên bêrkahipun tiyang sêtya dhatêng wajib.

[Grafik]

Paargyan ing kêdhaton Sultan Deli. Inginggil punika gambar untabing têtiyang wontên ing kêdhaton Deli, nalika Sri Sultan ngawontênakên kêramean paargyan mèngêti anggèning karajan Deli kaabsaha dening Gupêrmèn sampun 75 taun.

Apus sarana dayaning jimat. Ing Kuningan wontên tiyang nama Djaja, ngakên gadhah jimat ingkang sakalangkung agêng dayanipun saha sampun badhe dipun pundhut ing prayagung luhur rêgi f 120.000.-. Nanging sarèhning lumadosipun jimat wau kêdah mawi waragad, pêrlu badhe pados wragad rumiyin. Sintên ingkang purun nguruni waragad, benjing samangsa sampun tampi arta rêrêgèning jimat wau badhe tampi panduman kathah. Bab punika kathah tiyang ingkang kapilut ing rêmbag, Djaja sagêd ngapusi tiyang kathah, ngantos sagêd tampi arta f 200.- saking tiyang pintên-pintên. Rahayu bab punika lajêng kasumêrêpan ing pulisi, Djaja lajêng dipun cêpêng.

Badhe ngawontênakên Ridderdiploma malih. Wontên wartos saking nagari Walandi, bilih para ingkang sami gadhah bintang Militaire Willemsorde badhe tampi diploma kanthi mratelakakên ing bab lêlabêtanipun ing paprangan, ingkang anjalari anggèning tampi ganjaran wau. Tindak makatên punika sampun dangu botên katindakakên, ing sapunika badhe kagêsangakên malih. Ing bab punika wontênipun ingkang sami tampi bintang kados makatên wau wontên 500.

Mayit student dipun bêsmi. Ing Sanatorium Batu, Malang, wontên student saking G.H.S. tilar donya jalaran sakit t.b.c. Sarêng mayit wau badhe dipun kubur, pinanggih wontên sêrat tilaranipun mayit, mêling supados mayitipun dipun bêsmi. Wêling ingkang makatên wau inggih katindakakên. Tumindaking pambêsmi kapasrahakên dhatêng panggaotan ngubur mayit bangsa Walandi.

Darma f 15.000.- botên purun dipun sêbut namanipun. Ing Medan wontên satunggiling bangsa Tionghwa darma arta kangge pêrluning Tiongkok kathahipun f 15.000.-, nanging tiyangipun ingkang darma wau botên purun dipun sêbut namanipun.

Sêsakit anèh. Dèrèng dangu ing Lawang wontên punggawa station ingkang ngajal, jalaran sakit ngêdalakên êrah saking irung. Sanès dintên wontên malih tiyang saking Sumbêrwaras kabêkta dhatêng griya sakit ugi jalaran nandhang sakit kados makatên, salajêngipun ugi tiwas. Bab punika wontênipun ing Lawang dèrèng kasumêrêpan sêsakit punapa.

Cobèn-cobèn tanêman enggal. Wontên pasitèn gadhahanipun pabrik Panggung Rêjo, Malang, dipun cobi katanêman Rosella tuwin yute Jawi. Pasitèn ingkang dipun tanêmi wau wontên 400 bau. Manawi cobèn-cobèn wau mikantuki, kintên-kintên badhe kaindhakan malih.

Kêbon klapa ing pulo Sêribu. Sampun sawatawis lami kintunan klapa saking kapuloan Sêribu saya sakêdhik, saya malih tumrap pamêdalipun saking pulo Tidung, kajawi punika taksih wontên pulo sanèsipun malih ingkang botên ngintunakên babarpisan. Ing bab punika, wontên wartos bilih badhe dados papriksanipun ingkang Bupati ing Bêtawi.

Manggih barang kina. Satunggiling tiyang dhusun ing dhusun Pada, Kêdhungwuni, Pêkalongan, nalika nuju macul, nanggori barang atos. Sarêng kadhudhuk, barang wau warni rêca sela ingkang agêngipun sami kalihan lare umur 6 taunan. Sasampunipun dipun rêsiki, rêca wau wujud tiyang wêwangunan kina.

Pamulangan luhur Pangadilan. Lulus doctoraalexamen perangan kapisan nonah M.A. van Maarseveen tuwin tuwan-tuwan L.G. Gelpke, Mak Goan Po, R. Ribowo tuwin R.M. Marsoro. Lulus doctoraal examen perangan tiga, nonah Sie Sek Hiang.

EROPA

Manggih sêrat ingkang sampun 40 taun. Kala ing taun 1897 wontên bangsa Zweden nama Andree dhatêng Pool Ler, numpak balon, lajêng botên wontên wartosipun malih. Ing sapunika wontên ingkang manggihakên sêrat têtilaranipun tuwan Andree wau dipun wadhahi wontên ing bundêran kuningan. Inggih punika sêrat ingkang wêkasan piyambak damêlanipun tuwan Andree. Barang wau dipun panggih dening kaptin Gudrun wontên pasisiring pulo Bastian, isi sêrat ngêmot ungêl-ungêlan 100 têmbung, mratelakakên panggenan-panggenan ingkang dipun dhatêngi. Sêrat ingkang kados makatên punika agêng sangêt ajinipun.

Kapal Inggris dipun tahan. Kapal Inggris nama Burlington dipun tahan dening kapal pêrang Sêpanyol gadhahanipun golongan kabangsan. Kapal wau pinanggih ngêwrat lisah 7700 ton, saha lajêng kabêskup. Kapal wau layaran ngangge bandera Inggris, nanging dipun sewa dening parentah Valencia, kangge kabêtahan Cartagena.

ASIA

Olympiade dèrèng tamtu wontên Jêpan. Wontên wartos bilih Jêpan badhe nyandèkakên anggèning badhe ngawontênakên Olympiade benjing taun 1940. Ing bab punika pinanggihipun rêmbag wontên ing Jêpan taksih ngêntosi karampungan, dene kawigatosaning rêmbag pêrlu naros dhatêng para sawung ingkang badhe ngêdali dhatêng papan pasamuan. Dados saèstu tuwin botênipun gumantung wontên para sawung wau. Nanging tumrap golongan militèr, badhe sèlèh anggèning majêng dados sawung, amargi wontên upsir 7 ingkang kapetang pêng-pêngan, sami mundur, tuwin sawung sanèsipun ingkang badhe dipun ajêngakên, ing sapunika sami malêbêt dados militèr.

--- 1151 ---

Wêwaosan

II. Lampahanipun Dhobrinya

11

Sarêng sang putri mirêng sadaya aturipun ingkang putra wau, panjênênganipun sakalangkung sungkawa. Ewasamantên sagêd nutupi sungkawanipun, lan sanadyan ing salêbêting panggalih kuwatos sangêt, bilih ingkang putra badhe tiwas manawi ngantos mêngsah pêrapêrang. kalihan naga Gurindayêksa, nanging mêksa botên katingalakên. Ing wusana sang putri namung dhawuh dhatêng ingkang putra makatên:

Ênggèr, Dhobrinya, bêcike kowe saiki mapana turu bae dhisik, asokna awakmu, sesuk-esuk bokmanawa bisa nêmu pratikêl kang bêcik. Mung wêlingku nyang kowe mangkene: sesuk-esuk, yèn kowe wis tangi lan krasa sêgêr awakmu mênyanga gêdhogan lawas. Ing kono kowe bakal mrangguli lawang kang saparo kurugan ing tlethong. Lawang mau êngakna, lan ing kono kowe bakal wêruh jaran, kang sikile kêblêsêk ing tlethong. Jaran iku wis limalas taun lawase anggone tansah ngêntèni kowe. Iku dudu jaran lumrah, lan iya ora sabên uwong bisa nunggangi. Jaran iku mau gêdhe bangêt, ing sakutha Kiyèf, ora ana kang madhani, malah saindênging praja Ruslan, bokmanawa ora ana jaran kang ngungkuli gêdhene. Kajaba iku, jaran iku kuwat bangêt. Saka kuwate, nganti bisa ngrusak barisan prajurit sagêlar sapapan. Mungguh jaran iku mau sanyatane tilas titihane swargi eyangmu.

Dhobrinya ngèstokakên sadaya dhawuhipun ingkang ibu saha lajêng mapan tilêm. Enjing umun-umun piyambakipun sampun tangi. Sasampunipun rêrêsik badan lajêng dhatêng gêdhogan lami, lan ing ngriku saèstu manggih kori ingkang sapalih sampun kurugan ing tlethong kadosdene dhawuhipun ingkang ibu. Kori tosan wau lajêng dipun sêbrak sagêd kêbikak. Sasampunipun Dhobrinya lajêng lumêbêt ing gêdhogan ingkang pêtêng sangêt punika, saha lajêng sumêrêp rêgêmênging kapal ingkang agêng sangêt. Sarêng dipun cêlaki, mila inggih nyata pangandikanipun ingkang ibu kasêbut ing nginggil, bilih sukuning kapal kablêsêk ing tlethong. Dhobrinya nyandhak apusing kapal, sêdyaning manah kapal wau badhe katuntun mêdal ing jawi. Ing sakawit kapalipun badhe ambêdhat, nanging sarêng kraos, bilih tiyang ingkang nyêpêngi apus punika kiyat sangêt, salajêngipun nuntên manut miturut kemawon.

Kapal lajêng dipun lapaki dening Dhobrinya piyambak. Mênggah wujuding lapak ingkang kapasangakên ing kapal wau, sayêktos sae lan bakuh sangêt. Kintên-kintên para satriya tuwin para prajurit ing saindênging praja Ruslan, botên wontên ingkang anggadhahi lapak ingkang samantên saenipun. Lapak wau rinenda-renda sutra saha kacêplok-cêplok sêkaran êmas. Pamasangipun lapak wau dipun kiyati sangêt, murih sampun ngantos malesat-malèsèt ingkang sagêd anjalari dhawahipun ingkang numpak.

Sasampunipun Dhobrinya lajêng nyengklak kapal wau, saha lajêng dipun lampahakên ngênêr dhatêng pandhapi. Ing ngriku ingkang ibu sampun angêntosi. Sasampunipun ingkang ibu paring brêkah wilujêng, lajêng paring cêmêthi pusaka, yasanipun satunggiling pandhita, awarni anam-anaman sutra warni pitu. Mênggah gênging kasiyatipun cêmêthi wau, badhe kacariyosakên wontên ing wingking.

Dumuginipun ing wêkdal punika sang putri tansah ambudidaya, murih sampun ngantos kasumêrêpan ingkang putra mênggah gênging kuwatosipun, nanging sarêng ingkang putra sampun mèh bidhal, sang putri botên tahan ngampêt prihatosipun saha lajêng andhawahakên waspa sarwi angandika makatên:

O, anakku, Dhobrinya, tampanana cêmêthi iki, diênam-ênam sutra pitung warna. Lan eling-elingên kandhaku iki. Yèn kowe wis têkan ing sacêdhake gunung Sorotya, patènana naga cilik-cilik kang nêmpuh ing kowe. Jaranmu bae konên ngidak-idak naga cilik-cilik mau, nanging yèn jaranmu nganti kêcokot ing naga sing cilik-cilik kuwi, kang anjalari jaranmu ora bisa mlumpat-mlumpat manèh, enggal-enggal jaranmu tumuli sabêtên nganggo cêmêthi iki antarane sikil ing buri. Jalaran saka iku, kêkuwatane jaran bakal saya wuwuh, lan mlumpat-mlumpate saya dhuwur, kang anjalari bisa anujahi naga cilik-cilik mau nganti mati kabèh.

Sasampunipun Dhobrinya nampi dhawuhipun ingkang ibu makatên wau, lajêng nyuwun pamit, saha ambandhangakên kapalipun nuju dhatêng padununganipun naga Gurindayêksa, prêlu badhe ngèstokakên dhawuhing nata. Sêdyanipun Dhobrinya kêncêng, sagêda amêjahi naga tuwin ambêkta wangsul Dèwi Pujatisna, utawi pêjah wontên ing madyaning pêrang.

Kacariyos, lampahipun Dhobrinya sampun sawatawis dintên, ewasamantên dèrèng paja-paja dumugi ing rêdi Sorotya. Mênggah lampahipun Dhobrinya wau siyang dalu tanpa kèndêl, botên ajrih dhatêng èwêd-pakèwêding margi. Wontênipun ing margi kadhang-kadhang

--- 1152 ---

pinanggih tiyang lumampah, Dhobrinya lajêng pitakèn, punapa sampun lêrês margi punika ingkang nuju dhatêng ing rêdi Sorotya, ingkang dipun takèni mangsuli: lêrês. Nanging limrahipun anggèning mangsuli wau sami dipun wêwahi wicantên, bilih saking ngriku rêdi wau taksih têbih sangêt. Sadaya ingkang dipun takèni sami wêlas dhatêng satriya ingkang bagus ing warni tuwin anèm dhasaripun wau, awit sadaya punika sami ngintên, bilih satriya wau botên kenging botên têmtu badhe manggih tiwas. Amila kathah ingkang sami nênuwun dhatêng ingkang Maha Kuwasa, mugi sinatriya wau sagêda pinaringan wilujêng, lan kadumugèna punapa ingkang kasêdyakakên.

Wontên tiyang sawatawis sami ngarih-arih dhatêng Dhobrinya, supados sampun anglajêngakên sêdyanipun wau, awit punika ambêbayani sangêt. Têtiyang wau sami anyariyosakên, bilih sampun kathah para satriya tuwin para prajurit, ingkang sami kasuwur mênggahing kaprawiranipun, amangsah pêrang kalihan naga Gurindayêksa, kawêkasanipun sadaya wau sami manggih ing tiwas. Kanthi andhap-asor Dhobrinya nglairakên gênging panarimahipun dhatêng têtiyang ingkang sami suka pèngêt dhatêng sariranipun wau, ananging Dhobrinya botên sagêd nyelaki dhatêng kasagahanipun, sanadyan sadèrèngipun sampun mangrêtos, bilih wontên ing ngriku badhe manggih tiwas. Kathah tiyang ingkang sami wêlas sangêt, kalanipun nyumêrêpi Dhobrinya anglajêngakên lampahipun wau, lan sawênèh klayan trocosan êluhipun, wontên ingkang kalair têmbungipun makatên: kae ana uwong manèh kang nêdya golèk pati, awit ora ana titahing Pangeran kang bakal bisa ananggulangi krodhane naga Gurindayêksa, kabèh-kabèh mêsthi bakal tiwas.

Sarêng lampahipun Dhobrinya sampun watawis wulan laminipun, lajêng dumugi ing papan ingkang dipun sêdyakakên. Papan ing ngriku punika saklangkung angèl ambah-ambahanipun, jalaran kathah sela karang agêng-agêng ingkang pating slêbar amradini wontên ing papan ngriku, kadosdene kasêbarakên ing rasêksa agêng, ingkang soroh amuk wontên ing ngriku. Ewasamantên Dhobrinya katingalipun botên ajrih lan kuwatos, kapalipun tansah kabandhangakên tanpa wontên kèndêlipun. Sarêng dumugi ing sangajêngipun rêdi Sorotya, katingal wontên sawêr ewon cacahipun, ingkang sarêng sumêrêp wontên manusa dhatêng, enggal-enggal sami lumêbêt wontên ing growonganing sela karang turut margi ingkang kaambah ing Dhobrinya wau. Mênggah sawêr ewon wau, sajatosipun na alit-lit,naga alit-alit. anak putunipun naga Gurindayêksa. Kacariyos, sarêng lampahipun Dhobrinya wau sampun cêlak kalihan garowongan pandhêlikanipun naga alit-alit wau, naga alit-alit enggal-enggal anêmpuh dhatêng Dhobrinya, nanging sami pêjah sadaya dening tracaking kapal tumpakanipun Dhobrinya. Kadosdene botên amanggih rubeda punapa-punapa, palampahinglampahing. kapal têrus bêbandhangan tanpa wontên kèndêlipun. Nanging sanadyan tanpa wicalan cacahing naga alit-alit ingkang sami tiwas jalaran kapidak ing kapal, ewasamantên botên lajêng tumuntên têlas, malah saya kathah cacahing naga alit-alit ingkang sami nêmpuh, lan salajêngipun nuntên wontên naga ingkang sagêd nyokot taracak punapadene sukuning kapal, ingkang anjalari kapal wau lampahipun lajêng pincang, malah botên dangu malih sagêd ugi lajêng dhawah kalêngêr ing siti. Sanalika punika Dhobrinya èngêt dhatêng dhawuhipun ingkang ibu. Cêmêthi pusaka lajêng enggal-enggal kacandhak saha kasabêtakaên ing antawising sukunipun kapal ingkang wingking, sarwi wicantên makatên:

O, jaranku, saiki mêncolota sakuwatmu, kipatna sakèhing ula kang nêdya ala nyang awakmu, lan idêkkênanggoidêkên nganggo. tracakmu sing nganti padha tiwas kabèh.

Jalaran saking dayaning cêmêthi wau, kadosdene kapal wau tikêl sadasa kêkiyatanipun. Salajêngipun kapal wau lajêng mlumpat-mlumpat inggil sangêt, ngantos Dhobrinya rumaos bilih salaminipun dèrèng nate mrangguli kapal ingkang mlumpat-mlumpatantosmlumpat-mlumpat ngantos. samantên inggilipun. Dhawahipun wontên ing siti, sukunipun ngidaki naga pintên-pintên ingkang lajêng sami pêjah sanalika ugi, lan malumpatipun malih anjalari sela pintên-pintên ingkang sami kontal sarta andhawahi naga sanès-sanèsipun malih, ingkang ugi lajêng sami pêjah. Makatên ugi naga alit-alit ingkang sami anggubêt ing suku, jalaran saking inggiling malumpatipun kapal wau, sami dhawah saha katanggor ing sela, ingkang ugi sami tiwas sadaya. Sakêdhap kemawon sampun botên wontên naga alit satunggal-satunggala ingkang taksih gêsang. Sadaya sami angglèsèh pêjah wontên ing ngriku. Ing ngriku Dhobrinya lajêng mêncolot mandhap saking kapalipun, nyawang kathahing sawêr ingkang sami pêjah wau, sarta lajêng ngunandika makatên: kapriye wusanane pêrangku mêngko karo naga Gurindayêksa, ora prêlu tak gagas dawa. Kang gawe lêganing atiku saiki, dene aku bisa ngluwari praja Ruslan saka calon mungsuh kang tanpa wilangan cacahe iki. Sabab naga cilik-cilik iki, yèn pinaringan bisa urip têrus, ing besuk mêsthi luwih ambêbayani katimbang kang uwis-uwis. Dene saupama aku tumêka ing tiwas jalaran mungsuh karo naga Gurindayêksa iki, kaya-kaya ora pati andadèkake sabab, awit mungsuhe praja Ruslan mung kari siji, iya naga Gurindayêksa kuwi bae. Lan samôngsa-môngsa naga mau tumêka ing tiwas, kang sabanjure praja Ruslan bisa luwar saka bêbaya naga mau, dadi patiku iki sathithik-sathithik ana gunane.

Badhe kasambêtan.

--- 141 ---

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI: BU MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM RÊGANE SATAUN F 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

MANGSULI LAYANG

Soegriwa, s.f. Gesiekan, Ngayogyakarta. Andadèkake sênênging atiku kokirimi layang pitêpungan lan karangan warna-warna.

S. Soendjojo, Banyubiruweg No. 6, Salatiga. Bangêt panrimaku kokirimi karangan lêlucon.

Marsidjan, Ponorogo. Panjalukmu dadi abonne T.B. wis dakaturake mênyang Administratie. Bêcike kowe tumulia ngirimi dhuwit nyang Administratie.

Waidjah, Magêlang. Kirimanmu kêkidungan lan lêlucon wis daktampa kanthi bungah.

Soelastri, p/a Djajawirana, Mangkubumèn, Solo. Bangêt panrimaku kokirimi lêlagon lan lêlucon sawatara.

Pendjol, Malang. Andadèkake cuwaning atiku dene gambarmu ora bisa kapacak, awit ora pati mèmpêr, tangan têngên lan pupu kiwa kurang apik. Yèn gambarane mono ya apik, corèkane cêtha. Aja pisan dadi atimu ya, coba gawea gambar manèh, nanging sing angèl digolèki lan sing gambarane cêtha corèkane supaya kêna digawe cliche.

Sri Harjati, L.L. Openb. H.I.S. Pathi. Aku bungah bangêt, yèn arêp kokirimi portrètmu, takarêp-arêp, lo. Aja pisan dadi atimu, lêluconmu ora bisa kapacak.

Soebroto, Ngayogya. Kirimanmu karangan wis daktampa; yèn kancamu Soeharto arêp milu ngisèni TB. iya bêcik.

Sarojo, Karanganyar. Lêlagonmu wis daktampa kanthi sênêng.

Soetarto, p/a R.M.T. Darmohartono, Tumênggungan M.N. Solo. Layangmu wis kêtampan. Prakara panjalukmu adrèse Siti Rahajoe prayogane andêloka ing Kêjawèn kang lawas, kang ana adrèse dhèwèke. Kampung lan p/a sapa, dhèk biyèn ora ditulis, nalikane kirim layang nyang bu Mar.

Marjatin, Munthilan. Aja pisan dadi atimu, dene karangan ora bisa kapacak, awit kurang apik.

Tisna Moedsoengkawarti, Magêtan. Ya pancèn wis sawatara suwe kowe ora kirim-kirim layang ibumu. Nanging ya ora dadi apa, awit ana jalarane. Sukur ta, yèn kowe saiki wis waras babar pisan. Lêlara influenza kuwi yèn wis ngrawuhi, ya ora banjur enggal-enggal kondur, malah tansah sêmaya. Dhèk rong minggu kang wis kêpungkur, bu Mar ya ginanjar watuk, wong pancèn lagi nangsane.mangsane. Barêng wis rada mari, dumadakan kok banjur badminton karo kangmas lan mbakyu Petruk lan para kêponakan. Sorene jêbul nyêkris manèh, influenza kambuh, nganti sawatara suwe. Mula yèn mangsa kaya ngono kuwi kudu luwih ngati-ati, ora kêna angin-anginan sarta pangane kudu dijaga bangêt. Paringane Allah, ibumu uga wis waras babar pisan, malah wis bola-bali nonton Pasar-Gambir. Ti, kowe dhèk anu kok ora têka ana ing Bêtawi pêrlu nyatakake kaanane ing Pasar-Gambir.

S. Soetopo L.L.O.V.O. Loji kêcil, Ngayogya. Aja dadi atimu, lêluconmu ora bisa kapacak, sabab kurang lucu.

Sena, Klatèn. Layangmu wis kêtampan. Pambatangmu "Sandi Pêpêthan" ya bênêr kabèh.

S. Har, Surakarta. Har, mêsthine bapak ibu wis padha kondur, lah kapriye ngandikane, apa ya apik lan kowe diparingi olèh-olèh apa, Har. Genea kowe kok ora ndhèrèk? Upama kowe ndhèrèk rak bisa nonton barêng-barêng karo bu Mar.

O, iya Har, aja pisan dadi atimu, ya, gambarmu ora bisa kapacak, awit kurang apik, lan corekane uga kurang cêtha, mula ya ora bisa digawe cliche. Har, yèn kowe anggambar manèh, upama nganggo Oost-Indische inkt, rak ya banjur cêtha ta Har. Samono yèn dhangan atimu. Tênan, ya Har, aja nêsu, bu Mar pancène ya kêpengin macak, nanging yèn kangmas Hoofdredacteur ora mrayogakake ya ora bisa kapacak, karo manèh kurang cêtha digawe cliche.

Roesdijati, Blitar. Layangmu kang isi karangan wis kêtampan, bangêt panrimaku.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar

--- 142 ---

Dongèng Kucing Anak-anak Macan

[Grafik]

Kacarita ana kucing duwe anak, macan. Si macan rumasa isin dene wujude gagah prêkosa tur ya kêna diarani ngalahake sakabèhing kewan ing alas kono, mula thukul panêmune sing ora apik, yaiku êmoh ngaku duwe biyung mung kucing tuwa lan kuru. Dhèwèke banjur mikir-mikir: "Ing donya iki apa (sapa) sing mênang dhewe." Wusana nêmu, yaiku angin. Tumuli lunga nggolèki pusêring angin. Barêng wis kêtêmu banjur calathu: "Angin, angin! Aku iki anak kucing. Nanging saiki aku ora sudi ngaku biyung marang dhèwèke. Jalaran kowe rak ya ngêrti lan wêruh ta! Yèn aku iki dadi ratuning kewan ing alas. Hla kok duwe biyung sing kaya ngono dhapure. Dadi saka karêpku nèk dadi lêganing atimu, kowe arêp takaku biyungku. Jalaran kowe iku luwih kuwasa, ora ana sing bisa ngalahake karo kowe. Coba! Panasing srêngenge bae, nèk kabuncang dening angin ya sirna panase. Mêndhung kandêl kae nèk kok glandhang ya njur sirna tanpa dadi aliyas ora bisa dadi udan. Apa manèh liyane bisaa nandhingi kasêktènmu. Mula kanthi bangêt panyuwunku muga kowe gêlêma tak aku biyungku!"

Angin mangsuli alon: "O ya ya, bagus! Pancèn ora luput kandhamu iku. Aku iki pancèn ya kuwasa têmênan. Nanging ... , aja pisan dadi atimu le! Gus macan! Ing donya iki ana barang sing ora keguh dening bantêring panyautku, yaiku: Gunung. Dadi yèn kowe têmên-têmên arêp golèk wong tuwa sing luwih kuwasa, kuwat, sêntosa, ya ndang têmonana. Aku ora bisa nuruti apa sing dadi panjalukmu."

Si macan banjur lunga saka kono arêp nêmoni gunung. Satêkane kono, calathu: "Gunung sing pinunjul! Têkaku ing kene iki prêlu duwe panjaluk karo kowe. Manawa lêga atimu, kowe bakal tak aku dadia biyungku. Sabab aku iki wujudku mangkene, jêbul mung duwe biyung kucing tuwèk kang ala dhapure mêngkono. Anane mung ngisin-isini. Dene yèn kowe dadi biyungku iku wis mungguh bangêt, sabab mung kowe kang kêna takarani tanpa tandhing kêkuwatanmu."

Gunung mangsuli kambi gêrêng-gêrêng: "Huut, hla dalah, bêcik bangêt, kowe arêp ngaku wong tuwa marang aku. Amarga kowe duwe panêmu nèk aku iki luwih sêntosa tanpa tandhing. Nanging aja dadi atimu ya can! Sanadyan wujudku njênggêrêng mangkene iki, mêksa isih ana sing bisa ngrêrusak awakku. Dêlêngên ta, kae tikus sing mung cilik-cilik kae, olèhe nggrêgêtake ora jamak, dupèh dhèwèke ora krasa bae. Tur ndulu wujude mono rak padha karo dhèwèke. Dadi kowe nèk arêp golèk wong tuwa sing mênang dhewe bêcik si tikus iku bae akunên, wis cukup. Cêkake aku ora bisa nuruti panjalukmu."

Si Macan banjur lunga manèh saka kono, lan banjur nggolèki tikus. Sawise kêtêmu iya banjur nyaritakake kaya sing wis-wis. Tikus mansuli:mangsuli:. Wah macan, sing gagah prêkosa agung birawa! Bangêt bungahing atiku dene kowe sudi arêp ngêpèk wong tuwa karo aku, yaiku kewan kang tanpa daya, tur ora sapiraa. Nanging bangêt ndadèkake cuwaning [cuwa...]

--- [143] ---

[...ning] atiku, jalaran aku iki satêmêne anggèr wêruh kucing, malah têrkadhang mung krungu suwarane bae wis ora wani obah, awakku lêmês tanpa bayu. Sabab aku iki êmbuh jalarane, kok tinitah mung dadi mêmangsane si kucing kaya biyungmu kuwi. Dadi cêkake kowe nèk arêp milih wong tuwa aku, kliru bangêt. Wis ta balia bae nyang wong tuwamu sing lawas. Bisane anamu nganti njênggêrêng mêdèni samono gêdhene iku, ora liya marga ana biyungmu ta! Nèk ora ana biyung ora bakal ana anake. Wis ta ndang balia, biyungmu ngarêp-arêp bangêt, lan aku iya kêsusu arêp golèk mêmangsan.

Si macan banjur bali lêstari dadi anake si kucing tuwa.

Endhang Renggowati, Purwokêrto

LÊLUCON

Umuk-umukan

A : "Aku wêruh têngu gêdhene sawungkal."

B : "Iku isih cilik, aku dhewe wêruh ana lalêr sagajah."

C : "Iku durung anggumunake, aku dhewe wêruh kucing kok bisa dhomino."

Padune isin

Sardi : "Oom aku arêp mulih, ning yèn aku mungkur aja dirasani."

Oom : "Ora, ora-orane aku ngrasani kowe."

Sardi : "Mêngko yèn aku mungkur gèk dirasani: Bocah durung disangoni kok mulih."

Oom : "O, kowe njaluk sangu ta, gilo!"

__________

Ibu : "Wis mênêng Ti, aja nangis."

Tati : "Hi ... hi ... hi ... hi."

Ibu : Reneya Ni, takwènèhi pêlêm, kowe sing ora nangis."

Tati krungu calathune, banjur calathu mangkene: "Aku ya diparingi pêlêm ya bu, wong aku ora sida nangis."

Sri Sasanti

LAGU KOPI SUSU

Cah bocah aja padha dowe wêgah (2X) | Aja ngêsah yèn kowe pinuju susah. | La iki wis wayah (2X). | Kowe kabèh kudu gagah.

Aja kêsusu yèn kowe lagi sinau (2X). | Kang mituhu aja nganti grusa-grusu. | Ja nganti kêsusu (2X). | Mundhak gawe pêtunamu.

Manawa kêsèd kowe bakal padha kagèt (2X). | Ja kagèt yèn kowe durung kêplèsèt. | Ngudia kang mèpèt (2X). | Aja nganti padha kêsèd.

Aja padha duwe watêk kang duraka (2X). | Watêk duraka mêsthi bakal gawe pituna. | Mula ja duraka (2X). | Mundhak tiba ing sêngsara.

Najan bodho aja nganti kaya kêbo (2X). | Kêbo iku kewan kang mung longa-longo. | Aja kaya kêbo (2X). | Mundhak kêbanjur 'nggonmu bodho.

Bocah-bocah aja padha duwe sayah (2X). | Manawa sayah macaa Taman-Bocah. | Aja padha wêgah (2X). | Tamah-Bocah kêbak wêwarah.

Ora nyukupi yèn kowe ora tabêri (2X). | Mula kudu kang tabêri lan ngati-ati. | Iki wus winanci (2X). | Kowe kabèh kudu tabêri.

Tabêri nyinau kawruh utama (2X). | Kang utama iku marganing bêgja. | Mula ja daleya (2X). | Mundhak tiba ing sangsara.

Yèn tabêri kanthènana lan sêtiti (2X). | Sêtiti iku kang gawe lah mukti. | Mula kang sêtiti (2X). | Kanggo nggayuh nyang rêjêki.

Aja nêsu yèn tampa pituturing guru (2X). | Pitutur iku anggêpèn lah kaya ngèlmu. | Pitutur lah iku (2X). | Kang gawe utamaning laku.

Hayo kanca padha wiwit jaga-jaga (2X). | Anjagaa laku tindak kang utama. | Kudu jaga (2X). | Aja padha andaleya.

Sarojo, Karanganyar Surakarta.

--- 144 ---

Ki Satu Lan Ki Dua

(Candhake)

Wong tani calathu: "Ach, mêsakake têmên, ayo milua nyang omahku." Ki Satu ora gêlêm milu, kandha manawa isin, mung njaluk tulung diêtêrake nyang ngisor wiwitanwit-witan. kang eyub. Wong tani nuruti apa panjaluke Ki Satu, banjur dijujugake mênyang ngisurngisor. wit ing sacêdhake. Barêng wong tani mau wis lunga, Ki Satu nuli mènèk ing wit-witan kanthi ngati-ati, pamikire mangkene: "Sapa sing wêruh, bokmanawa wit iki wit singawêrêng." Dhèwèke nuli mêthik godhonge salêmbar, kawênyêt alus, banjur diusapake ing mripate.

Wah, bangêt anggumunake dene nalika iku uga, dhèwèke banjur bisa wêruh manèh kaya biyèn. Enggal-enggal Ki Satu mêthik sawatara lêmbar manèh, dilêbokake ing kanthongan klambi, nuli mudhun.

Ki Satu bungahe tanpa upama. Satêkane ing ngisor dhèwèke banjur njogèd karo calathu mangkene: "Wah bêgja kêmayangan aku iki. Saikine aku wis waras babar pisan."

Ki Satu nuli nêrusake lakune karo ngêmis, kabèh warung ditêkani, ana sing dijaluki sêga, ana sing diêmisi gêdhang, ana kang mènèhi banyu lan sêga, ana kang mènèhi panginêpan. Mêngkono sabanjure nganti têkan ing salah sawijining gapuraning kutha Rum. Ana kutha Rum Ki Satu wêruh Ki Dua lagi apèk kayu. Satêkane ing kutha Rum, Ki Satu mlêbu ing salah sawijining warung nêdya njaluk ngombe sarta pêrlu arêp ngaso. Ing warung kono rame bangêt, saka untabing wong akèh. Ki Satu banjur pitakon marang kang duwe warung, apa sababe têka rame têmên.

Sing duwe warung mangsuli: "Takona marang wong iki." Calathu mangkono karo nudingi wong, kang miturut saka panganggone, salah sawijining abdine Sang Ratu. Abdi dalêm nuli crita nyang Ki Satu mangkene: "Sang Ratu ing nêgara Rum kene iki kagungan putra mung siji, putri sarta endah ing warna. Ananging panjênêngane Sang Putri iku ora priksa lan ora ana wong kang bisa marèkake. Sing sapa bisa nambani Sang Putri, bakal diganjar bandha pirang-pirang, ananging nganti saprene durung nêmu wong kang bisa nambani. Saiki aku kadhawuhan anggolèki wong kang gêlêm nyoba nambani. Yèn bisa, bakal diparingi garwa Sang Putri, lan bakal kadadèkake Ratu, anggênti Sang Ratu. Ananging sing sapa saguh bisa nambani, ing mangka sanyatane ora bisa, Sang Putri isih durung priksa, bakal dipatèni. Wis dhukun pirang-pirang kang nyoba nambani, nanging ora bisa mari, wêkasane banjur dipatèni."

Ki Satu calathu: "O, dadi mêngkono, aku sing bakal nyoba nambani lan bakal dadi ratu."

Barêng sing duwe warung krungu kandhane Ki Satu, nuli calathu mangkene: "E, kisanak, yèn caturan kuwi kudu dipikir, aja ujug-ujug saguh bae. Wong kang kaya kowe rupane kuwi apa ya duwe kapintêran!"

Abdine Sang Ratu bungah bangêt, dene nêmu uwong manèh, kang bakal nyoba nambani Sang Putri, banjur mangsuli calathune kang duwe warung: "Rungokna ta, wong iku ora kêna ngina rupaning wong," lan banjur calathu marang Ki Satu: "Ayo milua, ngadhêp Sang Ratu.

Barêng wis padha têkan ing kêdhaton, isih adoh Sang Ratu wis andangu: "Sing kogawa mrene kuwi wong apa ta?"

Wangsulane abdi dalêm: "Gusti, tiyang punika sagah anjampèni Sang Putri." Sang Ratu banjur ngandika marang Ki Satu: "Apa wis kopikir têmênan, ngati-ati lho, yèn ora bisa mari, kowe mêsthi mati."

Ananging Ki Satu babar pisan ora anduwèni wêdi nyang Sang Ratu lan karo pangancame uga ora wêdi. Dhèwèke nuli ndhodhok ing ngarsane karo matur: "Sandika Gusti, manawi mêsthinipun, inggih mangga kawula kapêjahana."

Sang Ratu banjur dhawuh nambani Sang Putri, ora nganggo nimbali Sang Putri dhisik Panjênêngane ngira, manawa cukup, yèn Ki Satu mung ngucapake dongane bae. Ananging Ki Satu ora saguh. Dhèwèke anduwèni panyuwun, supaya Sang Putri didhawuhi miyos ing sacêdhake. Sang Ratu banjur nimbali Sang Putri.

Enggal-enggal Ki Satu anjupuk godhong singawêrêng saka kanthonganing klambine, kawênyêt lêmbut lan banjur diusapake ing paningale Sang Putri. Sanalika iku uga Sang Putri sagêd priksa.

Sang Ratu bingah bangêt, saking bingahe Ki Satu dirangkul lan ngandika: "Wah bêgja aku, bêgja aku, saiki aku duwe mantu nom, mangka pintêr."

Barêng wis rada aso anggone bingah-bingah, panjênêngane Sang Ratu banjur dhawuh marang pêpatihe, supaya tata-tata kanggo rame-rame. Sawise banjur andangu marang Ki Satu: "Nanging kowe kuwi sapa ta, sapa jênêngmu, saka êndi aslimu lan pêrlu apa têkamu ing kutha iki?"

Ki Satu mangsuli: "Nama kawula Ki Satu, Gusti, asli saking dhusun Nusantara, dene dhatêng kawula ing kitha ngriki pêrlu badhe sinau ngaos."

Sang Ratu dhawuh: "Ki Satu, nêtêpi janjiku, kowe bakal dakdhaupake karo anakku, lan dakdadèkake Ratu, anggêntèni aku, sabab aku wis tuwa, mangsane ngaso."

Sang Ratu nuli dhawuh marang para bupati supaya nyêpakake samubarang kanggo kêramean ngurmati Sang Putri lan Ki Satu.

Ana candhake.

--- [1153] ---

Ôngka 74, Rê, Pn, 10 Rêjêb Ehe 1868, 15 Sèptèmbêr 1937, Taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Lèpèn Ciliwung - Ajar pêrang-pêrangan wontên ing sagantên - Candhi Barabudhur - Bab sêsakit edaning sêgawon - Kawontênan ing Tiongkok - Kêthoprak Mardiwandawa - Kabar warni-warni - Wêwaosan - Jagading wanita.

Lèpèn Ciliwung

[Grafik]

Sawangan Lèpèn Ciliwung ing Manggarai, Mèstèr Kornèlis, dipun tingali ing wanci sontên.

--- 1154 ---

Ajar Pêrang-pêrangan Wontên ing Sagantên

Sabêtipun Kajawèn nomêr 73

Nêmpuh mêngsah ing wanci dalu

Ingkang kawrat ing Kajawèn kêpêngkêr ing bab ajar pêrang-pêrangan ing sagantên, punika sawêg rancanganipun. Dene wiwiting tumindaking damêl, kados wêwarah ing nginggil punika:

[Grafik]

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana nuju mriksani pêrang-pêrangan saking kapal pêrang "Sumatra''.

Kapal pêrang Sumatra ing kala punika nuju labuh wontên ing sunglon Ratai, satunggiling sunglon alit ing sunglon Lampung. Sampun wiwit jam satêngah tiga siyang, para prajurit sampun tampi dhawuh nyamêktakakên kapal badhe kangge pêrang. Ing ngriku layar aub-aubing kapal sami kabikak, mriyêm-mriyêmipun sampun dipun tata. Dene baita ingkang agêng-agêng ingkang wontên ing kerekan sami dipun andhapakên ing toya, supados botên ngalang-alangi mriyêm. Cêkakipun ing kala punika kawontênanipun ing salêbêting kapal sampun kados salêbêting paprangan yêktos.

Kapal Sumatra punika wontên mriyêmipun agêng sadasa, agênging mimis garisipun manêngah 15 cm. Murih tumindaking damêlipun mriyêm wau botên pakèwêd, mila sawarnining barang ingkang ngalang-alangi sami dipun singkirakên, upaminipun baita-baita ingkang dipun andhapakên, punika manawi nuju paprangan botên samantên kathahipun.

Ing ngriku sampun kasumêrêpan bilih ing sunglon Lampung wontên mêngsah manggèn ing sacêlakipun supitan [supita...]

--- 1155 ---

[...n] Sundha badhe dipun têmpuh. Ingkang dipun upamèkakên mêngsah wau awarni lesan pintên-pintên, ingkang sampun kapasang ing sadèrèngipun dening kapal satêngah pêrang. Nanging ing pundi prênahipun kêdah dipun padosi dening kapal pêrang Sumatra piyambak, mangke ing samôngsa sampun pêtêng, inggih punika jam wolu dalu.

Kintên-kintên wanci jam sakawan, mimis-mimis sampun kainggahakên, katumpuk wontên sacêlaking mriyêm. Dene mimis wau warni kalih, mimis limrah tuwin granat. Para prajurit wau sampun mangrêtos bilih badhe ngungêlakên mriyêm, nanging botên sumêrêp ingkang badhe dipun ungêlakên mriyêm ingkang pundi, sisih kiwa punapa têngên.

Botên dangu dilahing kapal dipun pêjahi sadaya, têtiyang salêbêting kapal namung kenging ngangge dilah sèntêr ingkang akaca biru. Kapal pêrang lampahipun wira-wiri madosi mêngsah, nanging dèrèng sagêd pinanggih. Wusana ujug-ujug wontên slomprèt mungêl tôndha larêm, têgêsipun wontên bêbaya. Para prajurit pating balêbêr mapan dhatêng panggenanipun piyambak-piyambak, kanthi sabar, botên wontên ingkang gugup.

Ing salêbêtipun sami prayitna kanthi dhêg-dhêganing manah, ujug-ujug: byar, dilah sèntêr ing kapal kasorotakên manêngên, ing ngriku lesan-lesan ingkang kapasang sami katingal cêtha, dipun sarêngi ungêling mriyêm urut-urutan, gêbyaring latu kados kilat, katingal cakêt sangêt, ngantos adamêl siloning mripat. Glêgêring mriyêm ngantos ngêdhêrakên badan tuwin adamêl orêging kapal.

Botên dangu dilah sèntêr kapal wau pêt pêjah, nanging lajêng byar malih, malah kalih, dipun ênêrakên dhatêng satunggiling panggenan, sadaya ingkang kêsorot katingal cêtha, lesan ingkang kapasang katingal ngegla, lajêng dipun lêpasi mriyêm malih ambal-ambalan, dhawahing mimis ing sacêlakipun lêsan katingal cêtha, dening muncrating toya.

Ing salêbêtipun samênit sagêd anglêpasakên mimis kawan dasa rambahan, dipun tindakakên dening mriyêm pitu, sanèsipun botên kenging katindakakên, amargi ajêngipun dhatêng sanès purug. Tindak anggèning nglêpasakên mriyêm wau katingal cekat-cèkêt asêsambêtan kalihan kawigatosanipun, awit ing ngajêng katingal anggèning taksih rangu-rangu amadosi mêngsah, wusana ujug-ujug sampun sagêd anglêpasi kumrutug tanpa mawi antan-antan. Tandangipun ingkang sami tumindak ing damêl sarwa cikat titi botên wontên ingkang malèsèt, ngantos kadosdene tiyang tuwin pirantosipun sampun nunggil dados satunggal. Mriyêm-mriyêm sadaya wau anggèning nglêpasakên mawi daya listrik, kantun mêtêlakên pêntholipun kemawon.

Tumindaking damêl para punggawa ing ngriku punika sampun botên tidha-tidha, dening sabên dintên tansah dipun gêgulang. Inggih ing wêkdal punika ingkang minôngka pandadaranipun.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 1925 ing Parakan. Kangge kwartal 3.

Lêngganan nomêr 1306 ing Ngrambe. Lêrês.

Lêngganan nomêr 2374 ing Subang. Kangge wulan Sèptèmbêr dumugi Nopèmbêr 1937.

--- 1156 ---

Kawruh Sawatawis

Candhi Barabudhur

Warni-warnining wawasan kawontênanipun candhi.

Sujana : Saking sêsêrêpanipun ki raka, sampun pintên atus taun, adêgipun Candhi Barabudhur dumugi taun 1937 punika.

[Grafik]

Candhi Barabudhur

Sarjana : Manawi kula botên kalèntu, kintên-kintên sampun wontên antawisipun 1162 taun, dumugi titimôngsa sapunika.

Sujana : Wah, têka sampun dangu sangêt, mêndhêt wêwaton saking pundi punika, ki raka.

Sarjana : Cariyosipun ingkang mangrêtos, manut katêranganipun Paduka Tuwan Dr. N.J. Krom kawrat ing Korte Gids pêpiridan sêratan ingkang tinatah ing sela, pinanggih wontên sanginggilipun ukir-ukiran ing sukuning candhi, ingkang kurugan (kêpêndhêm), adêging Candhi Barabudhur sagêd dipun kintên-kintên kalayan sah, kirang langkung sampun kawiwitan ing salêbêtipun taun 775 sasampunipun miyos Kangjêng Nabi Ngisa (taun Almasih).

Sujana : Kintên-kintên lêt pintên taun ki raka, adêging candhi wau, bilih kapetang saking sapêngkêripun Sang Buda Gotama.

Sarjana : Manawi botên kalèntu, kintên kula inggih sampun wontên kiwa têngênipun sèwu kalih atus utawi sèwu tigang atusan taun. Cobi dipun petang saking miyosipun Sang Buda Gotama rumiyin. Warni-warni pamanggihipun para ahli babad, wontên ingkang mastani miyosipun Sang Buda Gotama kintên-kintên ing taun 560 utawi 563 sadèrèngipun miyos Kangjêng Nabi Ngisa. Wontên malih ingkang nêtêpakên antawisipun taun 623 sadèrèngipun miyos Kangjêng Nabi Ngisa. Môngka yuswanipun Sang Buda Gotama wontên 80 taun, dados manawi kapetang saking miyosipun ing taun 623 sadèrèngipun miyos Kangjêng Nabi Ngisa dumugi sedanipun kintên-kintên ing taun 623-80=543 sadèrèngipun miyos Kangjêng Nabi Ngisa. Adêging candhi kirang langkung ing taun 775 taun Almasih, sasampunipun Kangjêng Nabi Ngisa miyos, dados lêtipun saking sapêngkêripun Sang Buda Gotama, watawis sampun wontên kiwa têngênipun 543+775=1318 taun, agami Buda sawêg tumangkar wontên ing tanah Jawi.

Sujana : Sarèhning lêtipun sampun samantên dangunipun, punapa agami Buda ingkang angajawi, punika inggih taksih murni kados piwulangipun Sang

--- 1157 ---

Buda Gotama nalika sugêngipun.

Sarjana : We lah, cara Arabipun: walahualam: punika, adhi, kula botên sumêrêp, namung manawi manut cariyosipun para ahli kawruh Buda, agami Buda ingkang angajawi wau sampun botên murni, cariyosipun sampun kawoworan punapa kacaruban agami Indhu utawi sanès-sanèsipun kapitadosan. Amargi manut papriksanipun para êmpu-êmpuning kawruh yêyasan kina, ingkang adamêl Candhi Barabudhur punika golonganipun têtiyang agami Buda: Mahayana, ingkang ugi sinêbut agami Buda iring lèr, katitik saking sakathahing pasêmon-pasêmon, ingkang pinanggih wontên ing candhi ngriku, ingkang ngêmu piwulang kawruh gaib, punika mratandhani damêlanipun golongan Mahayana, ingkang lôngka sangêt pinanggihipun ing golongan: Hinayana Buda, inggih ugi ingkang sinêbut agami Buda iring kidul.

[Iklan]

Sujana : Punapa agami Buda punika sampun pêcah dados kalih perangan.

Sarjana : Inggih, manut katranganipun Tuwan Dr. Julius Dutoit ing sêrat karanganipun ingkang cinirèn: Sugêngipun Sang Buda. Ing perangan kalih ing bêbukanipun, anyariyosakên, kintên-kintên antawisipun satus taun saking sedanipun Sang Buda Gotama, agami Buda lajêng pêcah dados kalih perangan agêng, inggih punika: Mahayana: ingkang sampun kathah sulayanipun utawi onyanipun saking aslining piwulangipun Sang Buda sakawit, kalihan Hinayana: ingkang taksih angêkahi piwulangipun Sang Buda Gotama, kados ing jaman sugêngipun.

Sujana : Mahayana tuwin Hinayana punika tumangkaripun dhatêng pundi, tuwin kalih-kalihipun wau kathah pundi cacahing umatipun.

Sarjana : Mahayana, inggih agami Buda iring lèr, punika tumangkaripun dhatêng nagari: Tiongkok, Jêpan, tuwin Tibèt, cacahing umatipun kirang langkung tikêl nêmbêlas, kalihan cacahing umatipun golongan Hinayana. Dene Hinayana Buda, inggih agami Buda iring kidul, punika tumangkaripun dhatêng Siyêm, Burma, Selon, utawi Indhia wingking.

Badhe kasambêtan

Tr. S.

--- 1158 ---

Bab Kasarasan

Bab sêsakit edaning sêgawon (hondsdolheid)

Sambêtipun Kajawèn nomêr 72

Tuwan Pasteur botên sarônta lajêng wungu badhe tindak nulungi ingkang sakit kalihan andangu Dr. Roux: ana wong pira kang isih urip.

Dr. Roux: sangalas, nanging tanpa damêl dipun jampèni, amargi sampun kasèp.

Tuwan Pasteur lajêng dandos sarta ngandika dhatêng Dr. Martel: serum gawanên, ayo mênyang romah sakit.

Sampun kalampahan kawan wêlas dintên Tuwan Pasteur gêdheglogan mawi têkên tindak dhatêng griya sakit Mont Pernasse, andadosakên bingah saha agênging panggalihipun dene têtiyang 19 ingkang sakit wau sampun sami sagêd anjênggèlèk, sarêng sumêrêp Tuwan Pasteur rawuh sami ngambung astanipun saha matur nuwun.

Nyonyah Meister kalihan putranipun Joseph ingkang sampun saras saèstu, sami pamitan badhe wangsul dhatêng nagarinipun, aturipun: Tuwan Dr. Pasteur kula botên sagêd malês gênging pitulungan panjênêngan dhatêng anak kula, nanging Gusti Allah ingkang botên samar punika ingkang badhe angganjar panjênêngan. Kula mêmuji mugi-mugi panjênêngan lulusa manggih kasugêngan salajêngipun, kula botên badhe supe dhatêng pitulungan panjênêngan wau. Nyonyah Meister anggènipun matur makatên punika klayan muwun, ngantos Tuwan Dr. Pasteur tingalipun tumut kaca-kaca.

Wasana wontên tamu malih ingkang Tuwan Pasteur botên ngintên-intên, mila kagèt sangêt dene ingkang rawuh punika Dr. Charbonnet.

Tuwan Pasteur ngandika: Kula dèrèng ngaturakên panuwun dhatêng panjênêngan, ing bab lairing putu kula ingkang nulungi panjênêngan.

Dr. Charbonnet: Wêkdal punika panjênêngan nuju gêrah, kula ngaturakên sêrat katrangan ingkang panjênêngan tôndha asmani punika, bokmanawi sagêd dados usada ingkang murugakên panjênêngan lajêng enggal dhangan babarpisan.

Pasteur: Bab janji inggih têtêp, janji kasagahan. Sêrat dipun aturakên wangsul dhatêng Dr. Charbonnet katampi, lajêng dipun suwèk-suwèk kalihan matur: sowan kula punika botên sanès kajawi prêlu ngaturakên sêrat wau, ngaturi pirsa kula kataman sêsakit edaning sêgawon, mugi kêparênga nyuwun dipun jampèni dening Pasteur... wusana kêsaru Nyonyah Pasteur matur dhatêng ingkang raka: Dr. Roux pratela, punika wau wontên dhoktêr saking ngamônca mangke jam 4 sontên badhe sêsorah ing Sorbonne, wosipun ingkang badhe dipun sêsorahakên wau, ambantah utawi ambibrah pamanggih panjênêngan bab wontênipun kruma ing pundi-pundi punika.

Pasteur: Kêpriye, dhoktêr sapa, sapa jênênge bêcike aku tak têka mênyang Sorbonne arêp wêruh apa karêpe, aku bakal anjawab apa

--- 1159 ---

pitakonane. Kongkonana golèk kreta sewan kana.

Dr. Roux botên mangrêtos yèn Tuwan Pasteur badhe rawuh ing Sorbonne, mila kagèt sarêng piyambakipun pinanggih Tuwan Pasteur wontên ing ngriku.

[Iklan]

Tuwan Pasteur ngandika dhatêng Dr. Roux: Kowe kêbênêran têka, wis disêdhiyani panggonan ing panggung kono.

Nyonyah Pasteur ingkang sarêng rawuhipun kalihan ingkang raka matur: Louis mangke anggèn panjênêngan mabêni utawi anjawab ingkang patitis, kula mirêngakên.

Têtiyang ingkang sami dhatêng mirêngakên sêsorah punika kathah sangêt, sami surak-surak.

Tuwan Pasteur andangu: Sapa kang disuraki kae.

Dr. Roux matur: Dr. Lister saking Inggris.

Pasteur: Lister, Lister kang arêp ambubrahake pagaweanku.

Dr. Roux ngaturi dhatêng Tuwan Pasteur lumêbêt ing papan pakêmpalanipun para pangagêng ing Sorbonne ngriku.

Sarêng Tuwan Pasteur rawuh lumêbêt ing papan pakêmpalan, sadaya para pangagêng utawi priyantun sanèsipun sami ngadêg surak-surak, ngaturi pakurmatan dhatêng Tuwan Pasteur.

Dèrèng nate ing Sorbonne wontên karamean utawi pakurmatan ingkang agêng-agêngan makatên.

Badhe kasambêtan.

R. Sumadirja, Ind. Arts. Sêmarang.

--- 1160 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Tiongkok

Pinanggihipun paprangan ing Syanghai taksih ajêg rame, Jêpan tansah ngudi sagêdipun angsal margi ingkang mikantuki kangge angajêngakên wadyabala nêmpuh dhatêng Syanghai, dene sêdyanipun badhe dipun sangkani saking Wosung, têbihipun saking Syanghai wontên gangsal mil. Wontênipun Jêpan pados margi saking ngriku punika, saking ngraos bilih mêdal ing lèpèn Wangpo pinanggih namung sarwa pakèwêd.

Saèstunipun punapa tindakipun Jêpan ingkang sampun-sampun, tansah botên sagêd cocog kalihan rancanganipun, pundi papan ingkang dipun têmpuh, pinanggih sampun sarwa samapta. Mila wontênipun namung tansah campuh rame. Tumrapipun Tiongkok piyambak ugi ngrumaosi anggèning tansah dipun angsêg ing mêngsah, ngantos botên sagêd mèngèng. Nanging tumraping prajurit, pancèn tindak makatên wau ingkang dipun kajêngakên, dados sampun lêrêsipun tansah rame ing saênggèn-ênggèn.

Tandangipun wadya Tiongkok anggèning nanggulangi panêmpuhing mêngsah wontên ing papan pabarisan ajêg rame, dhawahing mimis ing papanipun ingkang sami pêrang kados jawah. Jêpan pancèn nyata mumpuni dhatêng kridhaning pêrang, sabên wadyanipun kêdhêsêg mundur, ing wingking tamtu pinanggih wontên ngajêngipun, kados ta unduripun wadya Jêpan ing Yuwèhpu, ing ngriku dipun lokakên wadya Jêpan dhadhal, nanging sayêktosipun unduripun wau andadosakên kasantosanipun wadya Jêpan ing Paosan. Salajêngipun wadya Jêpan wangsul nêmpuh mangidul dhatêng Wosung, nglangkungi Nansutang, nanging ing ngriku lajêng kandhêg dening pamambênging wadya Tiongkok ingkang sampun saya wêwah kasantosanipun. Sarèhning campuhipun wau sami kanthi kasantosan enggal sadaya, inggih sakalangkung rame, kawêkasanipun sami manggih karisakan agêng.

Paprangan punika saya dangu saya katingal grêgêtipun, Tiongkok saya mapan, Jêpan saya kathah dhatênging bêbantu, malah miturut wartos, Jêpan ngangkatakên Jendral Terauchi, tilas ministêr babagan paprangan, kanthi lampah sêsidhêman, saha lajêng badhe nyenapatèni sawarnining wadya Jêpan ing Tiongkok. Tamtunipun tandanging senapati enggal wau badhe nindakakên gêlar enggal. Nanging sanadyan tumindaka kadospunapa, tumraping paprangan ing wêkdal punika, pinanggihipun namung sarwa babag.

Pinanggihipun Tiongkok sisih kidul, inggih punika ing Hongkong, ugi lajêng nindakakên kasantosan, pacak baris wontên ing pulo Hainan, awit wontên pangintên bilih wadya Jêpan badhe nêmpuh ing ngriku, punika kêtitik saking wawasanipun motor mabur Tiongkok, mêntas sumêrêp kapal pêrang Jêpan 6 sami kêmpal wontên ing lautan sacêlakipun Kuwangcowan, tuwin tiga malih wontên supitan Hainan. Kawontênan [Kawontêna...]

--- 1161 ---

[...n] ingkang pinanggih kados makatên punika ugi lajêng nêrusi damêl kasantosanipun barisan Tiongkok sisih kidul.

[Grafik]

Gambar ing nginggil: Gêdhong ,,Broadway Mansions'', gadhahanipun salah satunggiling pirma Inggris, ingkang dipun broki wadya Jêpan.

Têngên nginggil: sawangan gêdhong-gêdhong ing pinggir lèpèn, ingkang nama lèpèn Soetsjau utawi lèpèn Soochow.

Têngên ngandhap: tôndha pèngêtan pêpêrangan, ing pinggir lèpèn Wangpo, inggih punika ing Bund.

Kados sampun dados jamak limrahing paprangan, tuwuhing kuwanèn punika asring langkung saking takêr, kados ingkang pinanggih ing Tiongkok, sarêng kêrêp unggul ing pêrang, ing ngriku wontên raosan bilih wadya gêgana Tiongkok gadhah sêdya badhe nêmpuh Tokiyo tuwin laladan-laladan papan panggaotan. Sêdya makatên punika pancèn botên kenging dipun wancèni, sintên tiyangipun ingkang botên nêdya unggul manawi pancèn kêdugi. Malah salajêngipun sarêng wontên wartos kados makatên wau, lajêng wontên juru anggêgana bôngsa Tionghwa [Ti...]

--- 1162 ---

[...onghwa] cacah 400 gadhah panêdha supados dipun piji nêmpuh saking gêgana punika, sanadyan pangajêng-ajêng unggulipun lôngka, nanging tuwuhing kuwanèn têtêp botên badhe gingsir. Dene pinanggihing rêmbagipun pangagêng, ugi marêngakên, nanging sabên sakulawarga namung kaparêngakên malêbêt satunggal.

Minôngka tôndha jayanipun wadya gêgana Tiongkok, miturut katrangan saking Nanking, wiwit tanggal 14 dumugi 31 Agustus, ing laladan Sèkilang, Kiyangsu tuwin Anwèi, wontên motor mabur Jêpan cacah 61 ingkang dhawah saking dipun sanjata tuwin dipun mriyêm dening Tiongkok. Motor mabur ingkang risak wau, ingkang agêng 29, pirantos ambucal bom ingkang ènthèng 24, pambujêng 5, tuwin motor mabur toya 3, dene juru nglampahakên Jêpan ingkang tiwas 81.

Tumrap Tiongkok ing sapunika kenging dipun wastani sawêg angsal angin, kathah bêbantu-bêbantu ingkang asli mêngsahipun piyambak ing kala rumiyin, inggih punika golongan komunis ing Sènsi ingkang sapunika dèrèng tumut pêrang, gadhah panêdha supados kabantokna.

Ing ngriki katingal bilih paprangan punika saya rame.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar kapal pêrang Canberra, gadhahanipun nagari Ostrali, nêmbe punika labuh ing Tanjung Priuk.

--- 1163 ---

Kagunan Jawi

Kêthoprak Mardiwandawa

Têtingalan kêthoprak punika saya dangu saya katingal kamajênganipun, inggih atêgês kamajênganing kagunan Jawi. Manawi mirid kawontênanipun sakawit, ing pangintên, lôngka sagêdipun pinanggih lajêng kados ing sapunika.

Sarèhning têtingalan kêthoprak punika saya katingal dipun rêmêni ing ngakathah, majêngipun wau ugi jalaran saking pangudinipun para ingkang sami adhêdhasar kawruh, upaminipun ing bab ulah krawitan, ing bab pandhapuking lêlampahan, tuwin sanès-sanèsipun. Sawêg kalih bab punika kemawon sampun dados dhêdhasar bakuning adêging kêthoprak, awit ing bab krawitan, punika dados sêngsêm dhatêng pamirêngan, dhasar kêthoprak punika, tumrap ingkang agêng, gangsanipun ngangge slendro pelog. Bab saening dhapukan lêlampahan, punika sêmbadanipun kêdah gathuk kalihan ingkang dados, têgêsipun punapa ingkang dipun gambarakên wontên ing ngriku sagêd angiribi, malah sagêda angêplêki ngantos nuwuhakên raos kados yêktos-yêktosa.

Bab punika kados botên prêlu kapratelakakên panjang, kados para maos sampun sagêd manggalih piyambak. Ing mangke prêlu badhe ngandharakên wawasan sawatawis tumrap wontêning kêthoprak Mardiwandawa ingkang nuju main wontên ing Batawi.

Mainipun kêthoprak Mardiwandawa punika redhaksi Kajawèn dipun ulêmi, saha kêlampahan sampun nyatakakên dhatêng kawontênanipun, nuju lampahan: Banjaransari.

Lampahan Banjaransari punika kalêbêt cariyos kina kala jaman Karaton ing Pajajaran, cêkakaning cariyos:

Nata ing Pajajaran, Prabu Banjaransari, angsal wisiking dewa, bilih panjênênganipun ingkang badhe nêrahakên nata tanah Jawi run-tumurun, sarananipun kêdah krama kalihan nata kênya ing Galuh nama Ratu Intên. Ing kala punika praja Pajajaran kaparag ing sêsakit, kathah pêpêjah, ngantos adamêl karisakaning praja. Prabu Banjaransari lajêng lolos saking praja, badhe ngèstokakên wangsit.

Salolosipun sang prabu, ing praja wayang-wuyungan. Pêpatih nata (Sêtama) tampi wartos saking rayi nata, Radèn Rêrangin tuwin Radèn Tilarsa. Patih lajêng sumusul madosi gusti, nilar anak semah. Salajêngipun rayi nata kêkalih ugi nusul madosi.

Prabu Banjaransari kalampahan sagêd dumugi Galuh, prajaning lêlêmbat, namung dipun dhèrèkakên wulu-cumbu kêkalih, Bancak Dhoyok. Kalampahan Prabu Banjaransari sagêd jumênêng nata wontên ing Galuh, anggarwa Ratu Intên, sarana paprangan nêlukakên para prajurit èstri ing Galuh.

Patih Sêtama kêlunta-lunta anggèning madosi, lajêng angsal wisiking dewa supados lêrêm wontên ing

--- 1164 ---

dhusun Bojonglopang, ing ngriku dados jalaraning pinanggih. Kêlampahan manggèn ing griyaning dêmang, garwa putra dipun boyongi, nanging Patih Sêtama anglajêngakên lampah kalihan putranipun kêkalih nama Sangkan tuwin Paran. Wusana sagêd pinanggih kêpêthuk Prabu Banjaransari nalika badhe nglurug dhatêng Palembang, lajêng andhèrèk pisan. Kêlampahan praja Palembang sagêd bêdhah, saha sang prabu pinanggih kalihan ari kêkalih sami suwita wontên ing Palembang.

Ing saungguling pêrang sang prabu badhe kondur dhatêng Pajajaran, tuwin dhawuh dhatêng Kyai Patih Sêtama kadhawuhan madosakên dêdamêl ingkang papak nanging landhêpipun pitung panyukur. Saking sêkêling manahipun ki patih, lajêng mujung wontên ing pasingidan, kawêkasanipun dados mriyêm. Nyai patih ugi sumusul dados mriyêm. Salajêngipun dados damêl pusakaning kraton.

Tamat.

Lêlampahan wau pinanggihipun wontên ing kêthoprak Mardiwandawa, sagêd anggènipun anglampahakên, ing kalaning nuju sêngsêm, katingal anggèning mranani manah. Ing kalaning grêgêt, inggih punika manawi nuju pêrang, katingal tandangipun. Saenipun pinanggih wontên ing pêrang adêdamêl toyah (têkên panjang). Luconipun ngatosakên wêtêng. Ing kalaning susah, manawi nuju nangis, kêtingal ngantos ngêdalakên luh yêktos, malah raos wau sagêd tumular damêl tangising tiyang ningali.

Mênggah bakuning têtingalan ingkang pantês dipun sirik, punika sampun ngantos narajang raos ingatasing kisusalankasusilan. jalu wanita, tuwin luconipun sampun ngambah ing saru. Bab punika Mardiwandawa sampun angênggèni ing saenipun.

Tumrap panacad, Mardiwandawa angangkaha sampun ngawontênakên èksêtrah wontên ing wingking, punika sagêd ngicalakên tabêting raosipun lêlampahan, tuwin ngangkaha rêsiking papan panggungan, sampun ngantos kêmêbul. Kalih bab wau sampun kayêktèn dados rêraosan.

[Grafik]

Kampung Mêlayu

Kados sampun dados tata kalimrahan, bilih griyaning têtiyang pakampungan ing tanah Palembang punapadene tanah Borneo punika manggèn wontên ing pinggir lèpèn. Awit lèpèn wau minôngka margi agêng ingatasing lampah dagang punapadene sasaminipun.

Ing sisih punika griya-griya ing Kampung Mêlayu, Sambas, tanah Borneo.

--- 1165 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Lulus dados Ind. Arts. Lulus examen wêkasan dados Ind. Arts wêdalan Nias ing Surabaya, tuwan Soemali, asli saking Sumedang tuwin tuwan Setyoadi asli saking Sidayu.

Advocaat enggal. Mr. R. Oetoyo ing Surakarta, katêtêpakên dados advocaat tuwin procureur ing Raad van Justitie ing Semarang.

Roode kruis gêgayutan kalihan pangajaran. Kawartosakên, Departement Pangajaran aparing palilah dhatêng pakêmpalan Roode kruis nindakakên propaganda sarana sêrat sêbaran utawi buku dhatêng pamulangan-pamulangan.

Angsal sêrat tarimakasih saking Nata Inggris. Tuwan Hoesin bin Abdoellah bin Moehammad Alatas ing Bêtawi, tampi sêrat tandha tarimakasih saking Nata Inggris, minangka piwalês kala jumênêng Nata, tuwan wau sakulawarga sami ngaturakên wilujêng.

Ombak agêng ngrisak tanêman. Sampun sawatawis dintên ing pasisir Kidul bawah Adikarta sacêlakipun dhusun Glagah, wontên ombak agêng wiyaripun kintên-kintên wontên 2 km. Lampahing ombak wau minggah inggih dharatan ngantos damêl karisakaning tanêman 2 bau.

Tanêman kapas ing bawah Dêmak suda sangêt pamêdalipun. Ing wêkdal punika tanêman kapas ing Dêmak suda sangêt pamêdalipun. Manawi dipun timbang kaliyan padatan kintên-kintên namung wontên sapalihipun. Sudanipun wau jalaran saking kirangipun jawah. Jêmbaring tanêman wau wontên 14.000 bau.

P.A.I. anduwa ordonnantie nikah. Pakêmpalaning bangsa Arab nama P.A.I. mêntas ngawontênakên pakêmpalan wontên ing Têgal, wigatosing rêmbag anduwa dhatêng wontêning ordonnantie nikah. Mênggah wêwatonipun, ing bab babagan salakirabi tatanan Islam punika sampun mawa wêwaton anyêkapi.

Pabrik gêndhis tiga katutup. Ing wiwitaning wulan Sèptèmbêr punika wontên pabrik gêndhis tigang panggenan ingkang katutup, inggih punika ing Sêdati, Krêmbung tuwin Tulangan, sami bawah Sidoarjo. Panutupipun wau mawi pasamuan.

Kapal Kota Agung sampun dumugi Bêtawi. Miturut katrangan saking kaptining kapal Kota Agung, cacahing sêrat pos wontên 1200 karung, ingkang kêbêsmi wontên 330 karung. Tindak panyirêping latu rêkaos sangêt, jalaran saking kathahing gêndul amoniak ingkang sami pêcah jalaran kenging kawa bêntèr. Ing kala punika para ingkang sami numpak sami kagèt, nanging lajêng sagêd sami sarèh, ngantos dumugining angsal pitulungan. Sêrat-sêrat ingkang kêbêsmi tumrap dhatêng tanah Jawi, dene tumrap Sumatra Pasisir-Wetan mèh botên wontên ingkang risak. Mênggah jalaraning kêbêsmèn, ngantos sapriki dèrèng kasumêrêpan sababipun. Kapal wau sampun dumugi Bêtawi.

Angsal loterij ngiras dêrma. Loterij ingkang nêmbe kagêbag punika, ingkang angsal nomêr satunggal bangsa Tionghwa ing gang Warung Tinggi, Jêmbatan Busuk, Bêtawi. Arta angsal-angsal wau ingkang 10% kadarmakakên dhatêng Tiongkok. Dene panumbasipun lot namung 2/10.

Ama tikus ing Caruban. Ing wêkdal punika ing bawah Caruban tuwuh ama tikus nêmpuh pasabinan, ngantos adamêl awoning tanêman. Tumrap tanêman pantun gadhu kenging dipun wastani botên kêmêdalan babarpisan, tanêman kêdhêle namung sagêd ngukup 60%, dene tanêman kacang ijêm namung sagêd ngukup 40%. Panêmpuhing ama punika anjalari têtiyang ingriku nyuwun supados dipun dhatêngi ing landbouwconsulent, panyuwun wau ugi sampun kêlampahan, ewadene mêksa pinanggih taksih kados makatên.

Badhe ngawontênakên papriksan ing parêdèn tanah Nieuw-Guinea. Residhèn ing Ambon kêncêng anggèning badhe ambikak tanah Nieuw-Guinea. Pamanggèning pangagêng nagari badhe kadèkèk ing Eilanden Rivier, Nieuw-Guinea Têngah, Kidul tuwin Kilèn. Kajawi punika badhe ngawontênakên papriksan ingkang dipun pangagêngi dening Dr. Cater dhatêng parêdèn ingkang dèrèng nate dipun sumêrêpi ing sisih Têngah Kidul tuwin Kilèn Sneeuwgebergte (parêdèn salju) ingkang kakintên wontên tiyangipun, panggenan punika sagêdipun dipun purugi kanthi ngambah parêdèn ingkang inggilipun 2000 m. Lampah punika badhe dipun lampahi salêbêtipun kalih wulan.

Pamênang loterij ingkang f 10.000.- dhawah ing Bandung. Miturut wartos, punggawa Algemeene Volkscredietbank ing Bandung angsal pamênang loterij ingkang f 10.000.-, panumbasipun ¼ lot.

Tuwan Nitisêmita angsal ganjaran kapal. Tuwan Nitisêmita sudagar sês ing Kudus mêntas tampi ganjaran kapal saking B.K.P.A. Poerbonêgoro ing Surakarta. Dhatênging kapal wau mawi dipun arak têtabuhan musik tuwin rêyog.

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi-Têngah, R. Soekardi Mêrtokoesoemo Aib. nindakakên padamêlan adjunct jaksa Landraad ing Jêmbêr, parèsidhenan Bêsuki, dados adjunct-jaksa Landraad ing ngriku ugi M. Soebjakto Mangkoediharjo Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi ing paresidhenan ing Malang, dados asistèn wêdana paresidhenan Malang.

Cacahipun mobil ing tanah ngriki. Pêpetangipun mobil ing wulan Januari kêpêngkêr ing tanah ngriki, tumrap tumpakan wontên 44921, cacah samantên punika ingkang pinanggih wêwahan wontên 12159, ingkang risak 10820, dados sadaya wontên 46260. Autobus wontên 7114, wêwah 2160, ingkang risak 1501, dados sadaya wontên 7773. Vrachtauto wontên 10298, wêwah 2661, ingkang risak 2122, dados sadaya wontên 10837. Sêpeda motor wontên 1108, wêwah 3119, ingkang risak 2763, dados sadaya wontên 1464.

Kenging racun woh bêngkowang. Ing dhusun Cangkuang, bawah Cileduk, wontên tiyang nêdha woh bêngkowang, (woh ing nginggil) dipun gorèng kangge pacitan ngombe wedang kalihan tangga-tangganipun, raosing woh bêngkowang wau eca, kêlampahan ngantos ngambali anggorèng malih. Dangu-dangu têtiyang ingkang sami wedangan wau lajêng sakit wêtêngipun, cangkêmipun muruh. Sarêng bab punika kasumêrêpan ing tiyang sanès, lajêng dipun lapurakên dhatêng asistèn wêdana salajêngipun kalapurakên dhatêng dokter ing Cirêbon. Tiyang ingkang sakit sadaya wontên 8, ingkang satunggal kalajêng tiwas, sanèsipun lajêng dipun pompa, sagêd wilujêng.

Nanggulangi sêsakit t.b.c. Miturut paniti, tumularing sêsakit t.b.c. punika ingkang kathah jalaran saking pasrawunganing guru ing kalanipun mulang. Tumrap punggawa nagari sanès-sanèsipun botên pinanggih sapintêna, inggih punika ingkang nyambutdamêl ing kantor-kantor. Miturut papriksan malih, sêsakit punika ingkang kathah pinanggih wontên ing golongan partikêlir. Ing bab punika pakaryan kasarasan tansah ngudi badhe pananggulangipun.

--- 1166 ---

Topèng gas ingkang kintên-kintên kakintunakên dhatêng Tiongkok. Fatura, inggih punika cêkakaning Fabriek voor technische rubberwaren ing Bandung pandamêlipun topèng gas sampun angsal 100.000, sampun kasade 30.000 dhatêng N.I. Importhuis. Topèng gas wau kasimpên wontên ing Bêtawi. Kajawi punika pabrik wau inggih badhe damêl topèng gas kangge kapal. Topèng sadaya wau dipun damêl kangge nagari bêntèr, ngangge pirantos ingkang kenging kangge ngêdalakên kringêt tuwin idu, ingkang mêdal saking kajêngipun piyambak. Malah wontên wartos bilih topèng gas wau dipun tumbas dening bangsa Tionghwa, ingkang kakintên badhe dipun kintunakên dhatêng Tiongkok. Dene tumrapipun parentah ing ngriki dèrèng migunakakên pirantos wau.

Paguron Krida Beksa Wiromo mulang bêksa putri-putri saking Surakarta. Paguron Krido Beksa Wiromo ing Ngayogya sampun misuwur wulanganipun dumugi pundi-pundi, kados ta Jêpan, Indu, Prancis, nagari Walandi, Inggris, Amerika tuwin tanah ngamanca sanès-sanèsipun malih. Ing sapunika wontên kaparênging dhawuh timbalandalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana, amaringakên putri-putri sawatawis kadhawuhan mulang bêksa srimpi. Ingkang kautus K.R.M.H. Wirjodiningrat tuwin kanthi sanès-sanèsipun. Ingkang dados pangajênging paguron punika B.P.H. Soerjodiningrat tuwin G.P.H. Tedjokoesoemo. Ingkang nyalirani mulang G.P.H. Tedjokoesoemo piyambak, kanthi pambiyantunipun R.L. Atmosoeprapto tuwin R.M. Doetodiprodjo.

Numpak kapal layar ngubêngi bawana. Ing Palembang mêntas kêdhatêngan kapal layar So Fong asli saking Amerika. Ingkang gadhah kapal wau Tuwan Baker, dumuginipun Palembang punika sampun saking Hongkong tuwin kanan keringipun, Bali punapadene tanah Jawi, salajêngipun badhe dhatêng Colombo, wêkasanipun mêdal Suez-kanaal lajêng dhatêng Amerika.

Ewah-ewahan lampahing sêpur ing Jawi-Kilèn. Lampahing sêpur ing Bantamlijn tumrap saking Tanah Abang dhatêng Rangkasbitung-Serang-Mêrak tuwin saking Rangkasbitung dhatêng palabuan, ingkang rumiyin bidhalipun saking Tanah Abang dhatêng Mêrak jam 7, wiwit benjing tanggal 16 November kaewahan bidhal jam 7.56, pêrlunipun supados sagêd sambêt kalihan sêpur kilat dalu lajêng sagêd nglajêngakên lampah dhatêng Bantên. Auto Oteva sadhiya ambêkta saking Koningsplein dhatêng Tanah Abang. Kajawi punika taksih wontên ewah-ewahan sanès-sanèsipun.

Rancanganing lampah têdhakdalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana dhatêng Surakarta. Miturut rancangan, benjing têdhakdalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana dhatêng Surakarta punika badhe rawuh ing Tawangmangu, dhahar wontên ing hotèl Zonneheuvel, têdhak ing pabrik sês Marikangên, ingkang cacahing tiyang nyambutdamêl ingriku ewon, tuwin têdhak ing satunggalipun pabrik batik gadhahanipun tiyang siti. Ing kala punika tumrap tiyang-tiyang ingkang padatan panyambutdamêlipun pating prênca, badhe kaklêmpakakên dados satunggal.

Nyuda lampah layaran saking Surabaya dhatêng Kobe. Directie Nanyo Kayun Kaisha, nêtêpakên lampahing kapal saking Surabaya dhatêng Kobe ingkang padatan sabên minggu, kaewahan sabên kalih minggu sapisan, dene saking Singapura dhatêng Jêpan dipun suwak babarpisan.

ASIA

Sêsakit kolera. Miturut wartos wontênipun tiyang ingkang kêtrajang sêsakit kolera ing Syanghai wontên tiyang 29, ingkang kêlajêng tiwas 9, lêt minggu malih wontên wolu, tiwas satunggal. Tumrap Hongkong wontênipun tiyang ingkang kêtrajang langkung kathah, miturut cathêthan sampun wontên tiyang 203, ingkang tiwas 126.

Kapitunan 500.000 dollar. Miturut wartos jalaran saking wontêning kasangsaran sêpur Canton-Kewloon, kapitunanipun wontên 500.000 dollar. Karisakan wau jalaran saking bêna, adamêl laruting ril. Margi sêpur wau lajêng kandêg botên kenging kangge langkung. Pulihipun kenging kangge langkung malih kintên-kintên kawan wêlas dintên.

NAGARI WALANDI

[Grafik]

Sripaduka Rajaputri Juliana ambobot. Kawartosakên, ing sapunika Sripaduka Rajaputri Juliana sampun ambobot, sariradalêm pinanggih sênggang botên kirang satunggal punapa. Ingkang mriksa sariradalêm, Dr. C.L. De Jongh tuwin Dr. J. De Groot.

Ing pamuji, mugi Sripaduka Rajaputri Juliana sampun kirang satunggal punapa.

EROPA

Inggris nyantosani pajagèn ing Tiongkok. Wontên wartos Inggris manah pêrlu mêwahi kêkiyataning pajagèn ing Tiongkok, saha kêlampahan sampun ngintunakên upsir 197 tuwin saradhadhu 1150. Sadaya wau sampun bidhal numpak kapal Dunera.

Prancis ngiyatakên pajagèn. Miturut babagan lautan Prancis andhawuhakên supados ngangkatakên golongan wadya lautan, awarni kapal pêrang sakawan, pêrlu kangge anjagi ing Lautan Têngah.

Nglêmpakakên tosan sêpuh. Gêgayutan anggènipun nagari Inggris badhe mêwahi dêdamêl, mangka kêkirangan tosan, anjalari majênging sade tosan sêpuh. Kajawi punika parentah ugi andhawuhakên, supados rakyat Inggris sami nyadea tosan ingkang sampun lami, amargi bab punika kangge pêrluning praja. Kangge panjagi murih para dagang alit botên tumindak sapurun-purunipun, wontên sudagar tosan sêpuh cacah 600 sami dipun pranata pangawak pakêmpalan, saha rêgining tosan sêpuh katêtêpakên. Sarêng katindakakên makatên, caraning tumbas tosan sêpuh sagêd tumindak sae.

--- 1167 ---

Wêwaosan

II. Lêlampahanipun Dhobrinya

12

Sasampunipun Dhobrinya ngaso sakêdhap, panganggenipun limrah wau lajêng dipun rangkêpi anggèn-anggèn kaprajuritan ingkang sarwa waja, sarta ngliga pêdhang. Ing ugêl-ugêlipun dipun gandhuli gada ingkang sakalangkung awrat, towokipun dipun canthèlakên ing lapak, makatên ugi gêbag tuwin cêmêthi pusaka kasêbut ing ngajêng. Sasampunipun Dhobrinya mirantos makatên wau, têrus dhatêng lawanganing guwanipun naga Gurindayêksa, katingalipun saking ing jawi, lawanganing guwa wau pêtêng saha angajrih-ajrihi, botên bêda kadosdene cangkêmipun naga piyambak. Urutipun lawanganing guwa punika wontên lèpènipun alit, saha lèpèn wau anganèh-anèhi, dene toyaning lèpèn wau mêdal latunipun ingkang angukus ngantos inggil sangêt. Sarêng Dhobrinya dumugi ing pinggiring lèpèn, lajêng sumbar-sumbar sora makatên:

He, Gurindayêksa, yèn kowe nyata prawira, mêtua saka guwamu, ayo padha ngadu kasêktèn karo aku.

Anggènipun Dhobrinya sumbar-sumbar ngantos rambah-rambah, nanging tanpa wontên wangsulan punapa-punapa. Ing kala punika Dhobrinya sampun nêdya badhe nglumpati lèpèn alit wau, sarta lumêbêt ing guwa, nanging dumadakan saking nginggil awang-awang piyambakipun mirêng suwara ngakak ingkang sora lan anggêgirisi sangêt, ngantos adamêl orêging rêdi Sorotya wau. Dhobrinya mawas manginggil, saha lajêng sumêrêp naga Gurindayêksa kêkitêr ing awang-awang kanthi anggondhol mayit. Sarêng naga sumêrêp Dhobrinya, mayit enggal kadhawahakên ing siti, murugi Dhobrinya, sarwi wicantên makatên:

He, Dhobrinya, geneya kowe têka ora nêtêpi ing janji, apa dosane anak putuku, dene kopatèni kabèh. Apa pancèn mangkono adat kalakuane satriya, gampang anyelaki janji, lan dhêmên amatèni titah kang tanpa dosa.

Dhobrinya amangsuli: He, naga rêrêgêding jagad, ora prêlu kowe ngumbar suwara kang mangkono iku, awit sapa sanyatane kang andhisiki nyelaki janji, kowe apa aku, he, Gurindayêksa. Miturut prasêtyamu nyang aku, kowe ora nêdya ngambah ing praja Ruslan manèh, mangkono uga ora bakal amêmatèni uwong, nanging kapriye carane anggonmu nêtêpi janjimu mau. Geneya kowe têka wani-wani mênyang Kiyèf, andhustha Dèwi Pujatisna, sadhèrèke nak-dhèrèk Prabu Wladhimir. Dèwi Pujatisna balèkna nyang aku, lan sabanjure nêtêpana janjimu, aja pisan-pisan wani ngambah ing praja Ruslan. Dene yèn kowe ora gêlêm mituruti apa panjalukku iki, ayo, tumuli padha ngadu kasêktèn bae. Apa kowe apa aku, sing bakal tiwas ana ing madyaning pêrang iki.

Naga Gurindayêksa botên nêdya ngulungakên sang dèwi, manawi botên sarana pêrang, sarta lajêng awicantên makatên:

He, Dhobrinya, Dèwi Pujatisna ora bakal tak ulungake, yèn êndhasku durung gumlundhung ing lêmah kene. Dhobrinya, sanyatane anaku lan anamu ing donya iki mung ngluwih-ngluwihi cacah, mulane salah siji kudu mati. Jalaran saka iku, ora ana dalan liyane manèh, kajaba kowe lan aku kudu pêrang tandhing, nganti salah siji tumêka ing pati. Mulane, ayo saiki padha adu kadigdayan. Wis pancèn takdire Ingkang Kuwasa, yèn salah siji kudu musna saka ing jagad iki.

Dhobrinya sanalika punika lajêng angobat-abitakên pêdhangipun saha trêngginas anêmpuh dhatêng naga. Naga enggal nyêmburakên latu dhatêng Dhobrinya, nanging botên tumama, jalaran anggèn-anggènipun Dhobrinya sarwa waja, punapadene rainipun katutupan ing kêre. Naga badhe namakakên pêthitipun sarta badhe anêmpuh majêng, nanging saking sagêdipun Dhobrinya anggènipun ngolahakên pêdhangipun, pun naga botên sagêd nyakêt babarpisan, malah pêthit saha sirahipun nandhang tatu rêkaos. Anggènipun pêrang campuh wau sampun tigang dintên laminipun, nanging botên wontên salah satunggal ingkang mênang, naga sampun kêbatkêbak. tatu. Dene pun Dhobrinya, sanadyan badanipun wêtah, nanging dêdamêlipun kathah ingkang sampun risak. Towokipun, nalika kangge nyuduk ing badaning naga, sampun putung dados pintên-pintên, gadanipun ingkang agêng lan santosa, kalanipun katamakakên ing badanipun naga, saking wulêting kulitipun, mêndat botên tumama. Namung kantun pêdhangipun ingkang kintên-kintên taksih kenging kangge nglawan mêngsah ingkang sêkti môndraguna wau. Nanging manawi pêdhang wau kasabêtakên ing sirahipun naga, têmtu lêpat, awit tandangipun naga punika cikat sangêt lan trêngginas sayêktos, saha sagêd anggènipun ngendhani dhawahing pêdhang wau. Wêkasanipun naga botên purun malês nêmpuh, ngêmungakên ngendhani panggêbagipun Dhobrinya. Ing sêmu naga Gurindayêksa angêntosi klimpènipun, ingkang tumuntên lajêng badhe katêmpuh purun.

--- 1168 ---

Sarêng anggènipun pêrang tandhing laminipun sampun tigang dintên wau, Dhobrinya angraos, bilih kêkiyatanipun saya suda saya suda. Anggènipun ngobat-abitakên pêdhangipun sampun botên sagêd cikat tuwin rosa kados ingkang sampun-sampun. Ingkang makatên punika naga Gurindayêksa anyumêrêpi, amila manawi Dhobrinya kalimpe sakêdhik, lajêng enggal-enggal badhe kacandhak bangkèkanipun saha kabanting ing siti. Nanging Dhobrinya lajêng ngêmpalakên kêkiyatanipun malih, ngiwutakên pêdhangipun ingkang kaarahakên ing sirahipun naga, awit ngêmungakên sirahipun ingkang sagêd pasah ing dêdamêl, ingkang anjalari naga mundur malih.

Ing wusana Dhobrinya lajêng angraos, bilih botên dangu malih piyambakipun têmtu lajêng botên kuwawa anglawan mêngsahipun, jalaran rumaos, bilih mèh sampun botên anggadhahi daya malih. Ing kala punika ing batos Dhobrinya sampun masrahakên jiwa raganipun dhatêng Ingkang Maha Kuwasa, dumadakan piyambakipun lajêng èngêt dhatêng cêmêthi pusaka paringanipun ingkang ibu. Sanalika punika cêmêthi kacandhak saha kagêbagakên dhatêng pun naga, tanpa nyuwara, kadosdene sinambêr ing gêlap, sakala punika naga Gurindayêksa dhawah ing siti. Ing ngriku tanpa kèndêl Dhobrinya anggènipun anggêbagi naga sarana cêmêthinipun wau, ngantos naga pêjah babarpisan. Salajêngipun sirahing naga lajêng kakêthok ing pêdhang, dene badanipun lajêng kacacah-cacah ngantos dados pintên-pintên èwu cuwil. Ilining êrah prasaksat kados wontên jawah agêng, ngantos sakêdhap kemawon Dhobrinya kêlêban rah dumugi ing dhadhanipun. Tigang dintên Dhobrinya kapêksa ngêntosi amblêsing rah wontên ing siti, nanging tanpa damêl. Ing wusana lajêng nyandhak cêmêthipun malih, cêmêthi lajêng kasabêtakên ing siti sakiyatipun sarwi wicantên makatên:

Dhuh, ibu prêtiwi, kula aturi paring margi, supados rahing naga Gurindayêksa punika sagêda enggal tuntas.

Sanalika punika buminipun bêngkah, kalêrês wontên sangajêngipun Dhobrinya. Bêngkahanipun wau saklangkung wiyar tuwin lêbêt sangêt, ngantos kenging kaupamèkakên, agêng-agênging rêdi wontên ing lêbêting bêngkahan wau prasaksat botên katingal. Lan sanalika punika rahing naga inggih lajêng mili rikat sangêt lumêtlumêbêt. ing bêngkahaning bumi, sarta sakêdhap kemawon rahing naga ical tanpa lari.

4. Ing salêbêting guwanipun naga

Sasampunipun makatên, Dhobrinya lajêng enggal anglumpati lèpèn alit ingkang wontên ing sangajêngipun lawanganing guwa, saha lajêng tumuntên lumêbêt ing guwa wau. Sawêg kemawon lumampah sadasa pêcak, ing ngriku Dhobrinya sampun amanggih alangan ingkang awujud kori punika wontên tiyangipun tosan pintên-pintên. Têtiyang tosan wau lajêng dipun bêdholi satunggal-satunggal saha kabucal wontên ing pinggir. Kancinganing kori têmbaga ingkang saklangkung kêkah wau, lajêng kaslorogakên ingkang anjalari kori wau lajêng kenging kabikak. Sasampunipun, Dhobrinya lajêng rikat-rikatan lumêbêt ing guwa ambêkta obor, lampahipun mandhap ing undhak-undhakan. Ing salêbêtipun guwa ngriku Dhobrinya nyumêrêpi tiyang tawanan pintên-pintên èwu. Inggih punika para nata, pangeran, para prajurit, punapadene têtiyang tani saanak bojonipun. Ing ngriku Dhobrinya lajêng awicantên sora makatên:

Para nata, para pangeran, para prajurit, lan sadaya ingkang sami kagondhol ing naga Gurindayêksa katawan ing salêbêting guwa ngriki punika, kula angaturi sugêng. Panjênêngan sadaya samangke sampun sagêd mardika malih, sarta sagêd nilar guwa punika, tanpa wontên ingkang badhe angarubiru, awit mêngsah panjênêngan, pun naga Gurindayêksa, samangke sampun kula pêjahi.

Bingahipun para tawanan tanpa upami. Mênggah sajatosipun ingkang kathah-kathah sampun botên sami anggadhahi pangajêng-ajêng malih, bilih badhe sagêd luwar saking guwa punika, amila saking bingahipun, dene ujug-ujug angsal kanugrahan ingkang samantên agêngipun wau, ingkang kathah tandang-tandukipun lajêng kadosdene tiyang ingkang kirang èngêtanipun, botên tumuntên kesah saking ngriku, namung plonga-plongo utawi dêngongang-dêngongong, kados tiyang bingung. Ningali kawontênan ingkang makatên wau, Dhobrinya sakalangkung wêlas saha lajêng awicantên makatên:

Punapaa têka panjênêngan taksih wontên ing ngriki kemawon, mêngsah panjênêngan sadaya sampun pêjah, badanipun sampun pating prêthil sumêbar wontên ing sangajênging guwa. Dados manawi panjênêngan sadaya samangke nilar guwa punika, botên wontên ingkang badhe ngalang-alangi. Môngga, mumpung taksih padhang, kula aturi enggal-enggal jêngkar saking ngriki, samia kondur dhatêng dalêm panjênêngan piyambak-piyambak, awit, kula aturi èngêt, kathah para akrab panjênêngan ingkang taksih ngraosakên susah ing bab ical panjênêngan sadaya, lan dumuginipun samangke tansah taksih angêntosi rawuh panjênêngan sadaya.

Ing sêmu para tawanan samangke sampun mangrêtos sayêktos, bilih sampun sami luwar sadaya saking panguwasanipun naga Gurindayêksa. Amila ing sakala punika lajêng sami surak-surak saha kanthi pêplajêngan sami mêdal ing jawi. Ramening surakipun wau ngantos dumugi sajawining guwa, taksih kamirêngan dening pun Dhobriya. Dene Dobrinya piyambak, ambêkta obor, anglajêngakên lampahipun lumêbêt ing guwa, prêlu ngupadosi Dèwi Pujatisna. Samargi-margi tanpa kèndêl anggènipun tansah ambêngoki sang putri makatên: Dèwi Pujatisna, wontên pundi panjênêngan.

Badhe kasambêtan.

--- 141 ---

Nomêr 36, taun II.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam. Kawêdalakên sabên Rêbo.

Anyuda kathahing lalêr, sukur sagêd nyirnakakên babarpisan.

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 72.

Upaminipun: lêmbu wau lajêng botên jênjêm tilêmipun punapa panjêrumipun, tansah gêdabigan punapa sik-sikan, ing wasana sagêd anjalari sudaning wêdalipun susu. Utawi lalêr wau sagêd nularakên sêsakit dhatêng lêmbu-lêmbu sanès. Dados inggih prêlu supados lalêr botên suka nemplok ing badaning lêmbu punika, isaratipun warni-warni. Dene ingkang mirah piyambak inggih punika andamêla campuran makatên:

Toya godhogan sata (dados toya sata) 40 bagian, lisah pèt sabagian. Campuran punika lajêng kablonyohna ing badanipun lêmbu, utawi kewan ingahan sanèsipun.

D. Rekadaya anyirnakakên tigan-tigan lalêr utawi sasèt-sètipun.

Ing wasana patrap ingkang prêmati saèstu kangge nyirnakakên lalêr punika manawi sagêd inggih punika anyirnakakên tigan utawi sètipun, dados paribasanipun anumpês sacindhil abangipun, emanipun dene rekadaya punika botên têmtu sagêd kalêksanan. Jalaran punapa, inggih botên sanès, amargi panggenan paniganipun lalêr, tangkar-tumangkaripun sèt lalêr punika ing pundi-pundi sagêd kadadosan, tur andhêlik-dhêlik.

Isarat ingkang botên ngaping kalih damêl inggih punika: latu. Manawi sagêd panggenan-panggenan tigan punapadene sèt wau kabêsmia, utawi kaêsokana toya jarang ingkang bêntèr mumpal-mumpal.

Manawi pratikêl ing nginggil punika botên sagêd kaêcakakên, rekadaya sanès makatên:

Anyampurana kaporit (caporit) sasendhok dhahar kalihan toya tawa watawis saêblèg lisah pèt, kaudhêga ingkang ngantos amor saèstu. Campuran punika lajêng kangge nyirami panggenan-panggenaning [pangge...]

--- [142] ---

[...nan-panggenaning] lalêr, upami: ing pawuhan, pacêrèn, pakiwan. Kaporit wau sagêd mundhut ing griya panyadean jampi.

[Grafik]

Pambucalan uwuh, ingkang adhakan dados panggèning lalêr-lalêr.

Langkung prayogi malih manawi pandamêlipun campuran makatên:

Caporit = sasendhok dhahar. Toya tawa = 10 litêr (watawis satêngah blèg lisah pèt). Apu = satigan ayam.

Abênan tigang warni punika kaudhêga ingkang ngantos campur saèstu lajêng kangge nyirami kakus utawi pakiwan sasaminipun, ingkang sampun dipun rêsiki rumiyin (kagontor) mawi toya limrah. Ugi prayogi sangêt kangge nyirami gêdhogan, kandhang lêmbu, kandhang ayam, ingkang sampun dipun rêsiki rumiyin.

Wasana sumôngga.

R.A. Harsana.

Bab Dhêdhaharan

Pandamêlipun tape pisang kluthuk

Pisang kluthuk ingkang matêng, dipun êdang, yèn sampun matêng kaêntas, dipun asrêpakên, lajêng kairisana kandêlipun watawis sadriji. Yèn sampun rampung lajêng katata mlumah, nyalêmbar jèjèr-jèjèr, wontên ing wadhah ingkang rêsik, lajêng dipun wur-wuri ragi, dipun tumpangi malih nyalêmbar, ing nginggil ugi dipun wur-wuri ragi, makatên salajêngipun. Yèn sampun rampung dipun paringi toya sakacakanipun, lajêng dipun tutup godhong pisang ingkang rapêt, lêt kalih utawi tigang dintên dipun tingali, tandhanipun matêng yèn duduhipun sampun kraos lêgi.

Tape pohung kaspe

Pohung dipun oncèki, kakumbah ingkang rêsik, têrus kaêdang, manawi sampun matêng kaêntas, yèn sampun asrêp, dipun tata ing wadhah jèjèr-jèjèr, lajêng dipun wur-wuri ragi ingkang sampun kaayak, lajêng dipun tumpangi malih, ugi dipun wur-wuri ragi, makatên salajêngipun. Yèn sampun rampung dipun tutup ingkang rapêt, sasampunipun kalih utawi tigang dintên dipun tuwèni, tandhanipun matêng yèn duduhipun sampun lêgi.

Tape kêtos

Kêtos cêmêng dipun pususi ingkang rêsik, lajêng dipun êdang, manawi sampun kêkêl dipun siram, bilih sampun matêng kaêntas. Yèn sampun asrêp dipun wur-wuri ragi, têrus kacarub ingkang ngantos waradin, lajêng dipun wadhahi, katutup ingkang rapêt, yèn sampun kalih utawi tigang dintên dipun tuwèni, tandhanipun matêng yèn duduhipun sampun lêgi.

Pun Subi 1909. K. Magêlang.

--- 143 ---

Palakrama

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 72

Wontênipun prêlu ngupadosi ingkang kufu (jodho), jalaran sêsemahan punika kenging dipun gambarakên kadosdene ratu kalihan patih ingkang ngasta pusaraning praja, manawi ratu kalihan patih punika tansah sarujuk anunggil budi, masthi prajanipun sagêd sae, tata lan têntrêm. Nanging manawi ratu lan patih tansah sulaya, punika prajanipun masthi risak. Makatên ugi tumrapipun tiyang sêsemahan, manawi jalêr lan èstri tansah golong saiyêg, têmtu anggènipun gêgriya sagêd wilujêng.

Dados sampun têrang prêlu lan sarat rukunipun palakama, namung gawatipun, anggènipun badhe nêtêpi sakawan bab kasêbut ing nginggil.

Paugêran sakawan bab wau, 1 dumugi 3 (warni, naluri, kapintêran) punika gampil dipun tingali, namung bab ingkang nomêr 4 (kalakuan) punika angèl sangêt anggènipun nindakakên.

Langkung-langkung manawi ngèngêti jaman sapunika, wontên ingkang mastani jaman kala antara, têgêsipun tumimbaling jaman lami dhatêng jaman enggal, inggih ing môngsa punika gawat-gawatipun samukawis, amargi sadaya kawontênan dados warni kalih, inggih punika kawontênan lami kalihan kawontênan enggal, mila pangupadosipun semah inggih warni kalih, cobi sawatawis badhe kula andharakên kados ing ngandhap punika.

Cara lami

Ingkang kalimrah katindakakên para sêpuh, inggih punika bab sêsemahan ingkang manah tiyang sêpuh, lare prasasat kantun anglampahi kemawon. Dados ingkang milih ngantos dumugi rampungipun, sadaya inggih tiyang sêpuh. Lare jalêr kenging badhe nyumêrêpi calon semahipun, nanging inggih kêdah kalihan titangtiyang. sêpuh, makatên punika ingkang dipun wastani: nontoni.

Anggènipun para sêpuh nindakakên makatên punika, botên namung mêndhêt sasakecanipun kemawon, nanging mawi ngèngêti paugêraning palakrama kados ingkang kula aturakên ing ngajêng, namung paprincènipun ingkang ragi beda sakêdhik, manawi cara lami paugêranipun anjodhokakên lare, kêdah ngèngêti:

1. bibit. | 2. bèbèt. | 3. bobot.

Bab bibit

Ingkang dipun wastani bibit, inggih punika wiji. Tiyang anjodhokakên anak punika, sami ugi kalihan tiyang nanêm têtuwuhan, èsthining manah supados pawingkingipun sagêda sae uwohipun, mila kaprasudi sangêt pamilihipun dhatêng bibit.

Badhe kasambêtan

K. 1753

--- 144 ---

Wanita Modhèrên

Nuwun, sadèrèngipun sadhèrèk Arun, Sêmarang, tampi katrangan saking sadhèrèk S. Wir ing Rêmbang piyambak, kaparênga kula ngaturakên pamanggih kula, punapa ingkang kadangokakên sadhèrèk Arun, ingkang kawrat Kajawèn, inggih punika:

I. Punapa têgêsipun gêsang modhèrên

Saking pamanggih kula gêsang modhèrên punika, gêsang ingkang pasaja, inggih gêsang ingkang ringkês, adêgipun gêgriya sarwa pasaja, sarwa ringkês, tur nyêkapi kabêtahan. Dipun tingali, ing sawangan botên saru, tur botên ngewak-ewakakên.

II. Kadospundi gêsangipun wanita mudha ingkang winastan modhèrên punika.

Gêsangipun wanita mudha ingkang winastan modhèrên punika saking pamanggih kula: manawi mangangge sarwa pasaja, yèn taksih winêngku ing tiyang sêpuh, ingkang sagêd ngukur, drajat pangkatipun tiyang sêpuhipun, botên kawonên, botên kêsaenên, pantês kalihan drajat pangkat lan pamêdalipun tiyang sêpuhipun, (botên kêkathahên pundhutan).

Tandang-tanduk sarwa sarèh, sarwa luwês, andhap-asor, botên nèl-nèlan, bêkti dhatêng tiyang sêpuh, yèn lênggah lesehan wontên sadhengah panggenan têmtu sila, botên jegang, yèn andhodhok suku têmtu nglêmpak botên mêgar, yèn lênggah kursi suku botên tumpang-tumpangan, têmtu jèjèr gathuk botên mênga, tangan tumumpang pangkon botên ewah. Yèn wicantên pasaja saprêlu, botên kêkathahên gujêng, tur yèn gumujêng botên nyêkakak mangap, botên rêmên wicantênan mawi parikan tur botên mrengas-mrèngès, yèn sagêd têmbung Walandi, yèn rêmbagan kalihan tiyang ingkang botên mangrêtos botên dipun sêlani têmbung Walandi, (ngewak-ewakake).

Yèn sampun bawa piyambak, lan manggèn ing kitha ingkang sawatawis têbih kalihan tiyang sêpuh, kêdah sarwa ngatos-atos. Liripun, botên rêmên wicantênan kalihan gêgujêngan, langkung-langkung gêgujêngan turut margi, yèn lumampah botên kêkêrêpên nolah-nolèh, mripat botên nate klirak-klirik, tangkêpipun dhatêng têpangan sangandhapipun botên anggêp, dhatêng sajajaripun botên gumêdhe kumintêr, kumini, dhatêng sanginggilipun andhap-asor. Yèn kêmpalan kalihan têpanganipun Walandi, utawi nyonyah inggih nganggea (dipun tindakna) adat tatacaranipun Walandi priyantun. Dipun katingalna bilih sampun nate pikantuk piwulang, pasinaon, jalaran wontênipun lare èstri sok pikantuk panyeda utawi botên dipun ajèni lare jalêr, punika yakin saking lêpatipun lare èstri piyambak, kula yakin manawi lare jalêr botên dipun wiwiti, têmtu botên badhe wani nyêpèlèkakên dhatêng lare èstri.

Wusana yèn wontên galap-gangsuling têtêmbungan kula mugi sampun kirang pamêngku.

Landêp.

--- [1169] ---

Ôngka 75, Stu Lê, 13 Rêjêb, Ehe 1868, 18 Sèptèmbêr 1937, Taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Ajar pêrang-pêrangan wontên ing sagantên - Candhi Barabudhur - Kawontênan ing Tiongkok - Sêngsêm tuwin lucon - Gapura ing Pasanggrahan Dalêm Pracimaarja - Bab Masakan - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Mênangan tuwin kawonaning manah

Wontên ungêl-ungêlan adhapur isbat, makatên: padhang kang ngasorake padhanging srêngenge, iku ati.

Pêtêng kang ngungkuli pêtênging bêngi, iku ati.

Manawi ngèngêti ungêl-ungêlan makatên punika, dados manah punika inggih mênangan, nanging ugi apêsan. Tuwin sajak-sajakipun inggih sampun dipun akêni, dening tiyang sampun anglampahi sadaya ing kalaning padhang tuwin pêtêng ing manah.

Gambaranipun, manawi nuju sêgêr kasarasan, sugih arta, wah, padhangipun dhatêng manah botên kadosa, badhe sênêng-sênêng tamtu kalampahan. Badhe nêdha eca, kantun sakajêng-kajêng. Badhe nyandhang ngangge sae, kantun milih.

Gambaraning pêtêng, gampilanipun, anak bojo sakit, botên gadhah arta, dipun tagih sambutanipun, wah, punika pêt-pêtaning manah tamtu ngungkuli pêtênging dalu nuju mêndhung.

Nanging tumraping ngudi babagan kabatosan, punapa inggih, kenging dipun pindhakakên makatên, tuwin kajênging pasêmon wau kenging dipun gagapi namung dumugi samantên, awit manawi nyata kajênging padhang punika kados makatên, tamtunipun pêpadhang punika namung dumunung wontên ing tiyang ingkang kêcêkapan. Tiyang ingkang mlarat botên nate manggih pêpadhang. Dados mênggahing nalar, pêpadhang ingkang kados makatên punika pêpadhang timbanganing pêtêng, têtêp kadosdene wontêning bingah lan susah. Cobi tiyang ingkang sugih sarwa botên kêkirangan, manawi wontên sabab ingkang nyulayani, upaminipun ingkang èstri sakit, padhangipun inggih lajêng ambalêrêt, têgêsipun lajêng tampi giliraning pêtêng. Kosokwangsulipun upami tiyang nuju pêtêng, jalaran anak bojonipun sakit, punika samôngsa anak bojonipun saras, sampun manggih pêpadhang. Nyatanipun sadaya wau namung ubêngan kemawon.

Mirid ungak-ungakan ing nginggil punika, lajêng katingal bilih pados pêpadhang ingkang yêktos, punika gawat sangêt, awit tamtunipun sampun botên nate pêthukan ing pêtêng tuwin padhang ingkang kados makatên.

Namung sarèhning babagan batos punika alus, gagap-gagapanipun angèl, awit ingkang adhakan, babagan padhang punika inggih namung bangsaning sisihanipun pêtêng.

Cêkruktruna.

--- 1170 ---

Ajar Pêrang-pêrangan Wontên ing Sagantên

Sambêtipun Kajawèn nomêr 74

Nêmpuh saking dhêdhasaring sagantên tuwin saking gêgana

Kapal Sumatra sasampuning nêmpuh mêngsah kanthi nglêpasakên mriyêm ing wanci têngah dalu wau, lajêng wangsul dhatêng sunglon Ratai malih ngêntosi dumugining wanci enjing. Sadèrèngipun srêngenge mlêthèk, sampun bidhal malih ngênêr dhatêng supitan Sundha nganglangi ing papan ngriku anjagi mêngsah ingkang badhe nêmpuh.

[Grafik]

Kapal-kapal pêrang punapadene kapal silêm wontên ing sagantên supitan Sundha.

Ing ngriku kapal Sumatra lajêng ngandhapakên motor mabur kalih dhatêng sagantên, lajêng têrus anggêgana kêkalangan kados wolung badhe nyambêr mêngsah ingkang nêdya nêmpuh kapal Sumatra. Dene ingkang dipun pindêng yêktos, kapal silêm ingkang langkung ambêbayani, amargi kapal silêm punika botên enggal tumuntên sagêd katingal saking kapal, ujug-ujug sampun cakêt, saha lajêng nglêpasakên torpedho ingkang lumampah wontên salêbêting toya dipun arahakên dhatêng lambunging kapal.

Nanging mripating juru anggêgana punika sakalangkung awas, botên beda kados landhêping mripat wolung ingkang pados mangsan. Sarêng motor mabur sumêrêp wontên kapal silêm nyakêti, lajêng enggal-enggal suka sumêrêp dhatêng kapal Sumatra, supados sagêd nyingkiri bêbaya wau.

Dumadakan ing ngriku wontên garis panjang katingal ing salumahipun sagantên, inggih punika tapaking barang ingkang lumampah sakalangkung rikat, ngênêr dhatêng lambunging kapal. Nanging ing ngriku upsir ingkang nyêpêng kêmudhi ing sêmu sampun dipun sukani sumêrêp, awit sadèrèngipun kasumêrêpan ing kathah, upsir wau sampun sagêd ngingêrakên kapalipun, wêkasan lampahing torpedho ingkang dipun êlèsakên dhatêng lambunging kapal, namung langkung ing sawingkingipun.

--- 1171 ---

Motor mabur ingkang wontên ing gêgana lajêng ngêtutakên lampahing torpedho wau saha lajêng katingal mubêng kêkalangan wontên sanginggiling sagantên, lampahing torpedho kandhêg dumugi ing ngriku.

Ing papan lêrêsing garis wau lajêng wontên kapal silêm jumêdhul saking salêbêting toya, inggih punika kapal silêm ingkang nêmpuh wau.

Kados makatên punika patrap panêmpuhing kapal silêm tuwin caraning nglêpasakên torpedho.

Sasampunipun makatên, kapal Sumatra nglajêngakên lampah nganglang malih, wira-wiri wontên ing supitan Sundha, jagi-jagi manawi wontên mêngsah nêmpuh. Dumadakan sarêng kintên-kintên wanci satêngah tiga siyang kêmirêngan wontên suwara larêm gêgana (tôndha wontên bêbaya) rambah-rambah. Ing ngriku mriyêm ingkang badhe dipun lêpasakên dhatêng gêgana sampun dipun siyagakakên, ênêm wontên ing wingking, ênêm wontên kiwa têngêning pipa sisih ngajêng. Ing kiwa têngêning pipa ngajêng wau dipun pasangi suwiwi kiwa têngên, mawi jarambah, dipun wastani seindek, pigunanipun kangge suka tuwin nampèni tôndha sasmita saking kapal sanès. Sanginggiling seindek wau dipun pasangi mriyêm mêsin kangge nglêpasi dhatêng gêgana 6 iji.

Ing ngriku wontên motor makurmabur. langkung ing nginggil, saha mriyêm ingkang sisih têngên lajêng mungêl jumlêgur tuwin ing gêgana sacêlaking motor mabur ingkang langkung wau katingal wontên mimis ingkang taksih murub, ngantos kados main api. Mèh sêsarêngan wancinipun mriyêm ing kapal ing wingking têtiga ugi mungêl gumlêgêr dipun barung ungêling sanjata mêsin ing sanginggiling seindek.

[Iklan]

Bêgja dene ingkang dipun êlès wau botên motor mabur punika kemawon. Sampuna makatên tamtu amanggih bêbaya, dening kathahipun mimis ingkang tumêmpuh. Ing motor mabur punika dipun pasangi layar mawi tangsul panjang, motor mabur wau ngantos katingal kados mawi buntut panjang. Inggih layar wau ingkang dipun êlès mawi mriyêm pananggulang motor mabur. Ing ngriku katingal cikat-cakuting tandangipun têtiyang ing kapal. Lesan wau botên kenging dipun lêpasi ing sadèrèngipun motor mabur panggèrètipun dumugi sanginggiling kapal, tuwin kaangkah manawi lesanipun sampun dumugi sanginggil kapal. Ing wêkdal ingkang prasasat namung sakêdhepan, kêdah kenging dipun sanjata. Tindak wau sasampunipun dipun ambali wongsal-wangsul, lajêng kèndêl.

Dalunipun ngambali sinau nglêpasakên mriyêm malih, nanging lampahing kapal dipun rikatakên, lampahipun saêjam 26 mil, kirang langkung 50 km. Sarêng lesan katingal, lajêng dipun lêpasi.

Badhe kasambêtan.

--- 1172 ---

Kawruh Sawatawis

Candhi Barabudhur

Sambêtipun Kajawèn nomêr 74

Sujana : Têgêsipun Mahayana kalihan Inayana punika kadospundi ki raka.

Sarjana : Saking cariyosipun ingkang mangrêtos, Mahayana punika têgêsipun: kareta agêng, dene Inayana têgêsipun: kareta alit.

[Grafik]

Lorogan ingkang ngingtilnginggil. piyambak, ing Barabudhur.

Sujana : Mênggah pikajêngipun têmbung-têmbung wau mêngku suraos punapa ki raka.

Sarjana : Saking gotèkipun ingkang mangrêtos malih, mila dipun wastani Mahayana utawi kareta agêng, amargi para golongan Mahayana gadhah pamanggih punapa kapitadosan, bilih anggayuh kasampurnaning gêsang, ingkang wontênipun ing agami Buda sinêbut: nirwana, punika sagêd pinanggih sarana sêsarêngan tiyang kathah, ngalêmpak wontên ing sawênèh panggenan ingkang sinucèkakên, ing klênthèng-klênthèng punapa ing candhi-candhi, lajêng mêmuji punapa sêsaji dhatêng dewa utawi Buda sanès-sanèsipun, ingkang kaanggêp sagêd ambrêkahi, supados maringi nugraha nyampurnakakên gêsangipun dumugi ing nirwana wau. Dene satunggalipun, mila dipustanidipun wastani. kareta alit, amargi golongan Hinayana, taksih angêkahi wulangipun Sang Buda, manawi kasampurnaning gêsang utawi pamudharan, sagêdipun anggayuh nirwana, punika satunggal-satunggaling tiyang kêdah lumampah piyakpiyambak. piyambak, nguwod margi lêrês, manut wêwatoning piwulangipun Sang Buda Gotama, anindaki margi rahayu wolung prakawis, tuwin anêbihi pêpacuh sadasa prakawis, punapadene kêdah adhêdhasar watak utami utawi kalakuan sae, kados ingkang sampun kapacak ing Sêrat Sigalowandhasutam.

Sujana : Gampilanipun kemawon, golongan Hinayana punika ing sêmu gadhah kayakinan, botên wontên titah sanèsipun, sanadyan sucia utawi luhura kados punapa, ingkang sagêd nanggêl punapa nyukani suwarga (nirwana lêrêsipun) dhatêng tiyang sanès, kajawi tiyang wau piyambak ingkang kêdah budidaya, manut margi lêrês kados katrangan punika wau, punapa makatên.

--- 1173 ---

[Iklan]

Sarjana : Inggih makatên adhi, kasinggihan.

Sujana : Mangke ta ki raka, nirwana punika alam punapa kawontênan, sarta kadospundi têgêsipun.

Sarjana : We lah, manawi kula pamit adhi, pun kakang botên mangrêtos. Namung manawi botên kalèntu anggèn kula nyuraos, manut katranganipun Sang Minulya Subadra Biksu, ing sêrat karanganipun ingkang cinirèn: Piwulangipun Sang Buda, suraosipun bilih sakalih-kalihipun wau mor misah kemawon, têgêsipun kenging dipun wor, ugi kenging dipun pisah. Manawi nirwana wau katampi sarana pamikir, inggih lajêng mujudakên gêganthan: alam. Nanging manawi katampi sarana raos, inggih lajêng botên wontên wujudipun punapa-punapa, kajawi namung: kawontênan. Manawi kapêndhêt wosing pikajêngipun, asuraos kawontênaning kalanggêngan saha katêntrêmanipun suksma ingkang luhur piyambak. Tumrapipun tiyang ingkang taksih kabônda ing kasênêngan donya kados kula, botên sagêd angintên-intênakên: kaya apa. Amargi kula tiyang limrah, dèrèng sagêd wudhar saking bêbandaning para cidranipun kawontênan ingkang ewah gingsir, amargi hawa napsu, angkara, tuwin sahwat pêpenginanipun, dèrèng sagêd kawasesa, mila inggih dèrèng sagêd angraosakên katêntrêmaning batos ingkang sampurna, ingkang sampun kalis saking saliring dosa.

Sujana : Wah, kêmulukên punika ki raka, tumrap kula, nalar saha pikir kula botên andungkap, benjing kemawon karêmbag malih pinanggih wingking.

Badhe kasambêtan.

Tr. S.

Wara-wara

Ngaturi uninga dhatêng sanggyaning para prayantun lêngganan, bilih sawatawis dintên êngkas, administrasi badhe ngintunakên bêlangko pos wisêl, dhatêng para prayantun ingkang babarpisan dèrèng kagungan pambayaran tumrap kuwartal 4 ing ngajêng punika.

Saking pangajêng-ajêngipun administrasi, mugi para ingkang nampi kintunan wau, lajêng kêparêng anggalih ing saprêlunipun, amurih sampun kacuwan ing panggalih, dene botên dipun sowani Kajawèn.

--- 1174 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Tiongkok

Mirid wontêning pawartos ingkang dumugi tanah ngriki, pêrangipun Tiongkok kalihan Jêpan, saya dangu saya mapan, gêntos dhêsêg-dhinêsêg, sami botên kawêkèn ing gêlar, mila ing bab asor unggulipun ingkang pêrang, dèrèng kenging dipun têtêpakên mênang kawonipun, awit têrkadhang namung pinanggih wontên ing gêlar.

[Grafik]

Gêdhong-gêdhong ing sapinggiring margi agêng "Castel Street" ing kitha agêng Pèiping.

Ingkang pinanggih ing Yangsang, kaprênah sakilèn Wosung, sanadyan ing ngriku punika papan alit, nanging dipun incih sangêt dening Jêpan, saha kêlampahan Jêpan sagêd ngêbroki papan ing ngriku, saha lajêng nyantosani barisipun. Unduripun wadya Tiongkok saking ngriku lajêng ngêdêgakên kasantosan, kenging dipun wastani botên ewah kêkiyatanipun, kadugi nampèni panêmpuhing wadya mriyêman mêngsah. Makatên ugi wadya gêgana Tiongkok, malah saya sêrêng panêmpuhipun, andhawahi bom-bom cakêt sangêt kalihan kapal pêrang Jêpan, ngantos adamêl kasamaraning mêngsah.

Ingkang pinanggih ing sisih lèr, campuhipun sakalangkung [saka...]

--- 1175 ---

[...langkung] rame. Campuhipun wau pinanggih wontên ing uruting margi sêpur Tinsin -Nanking, ingkang anjog dhatêng Santung. Ing kala punika Jêpan kêpêksa ngewahi gêlar, jalaran kêpêntog ing barisan ingkang langkung santosa. Namung ing laladan Pèiping wadya Jêpan sagêd majêng, ewasamantên ugi mêksa rêndhêt, amargi panêmpuhipun wau dipun tanggulangi ing barisan sakalangkung kiyat. Kawontênan ingkang pinanggih ing papan paprangan ing Tiongkok, tumrapipun Jêpan rumaos ngêtog karosan yêktos, malah wontên pangintên, kêkiyataning wadya Jêpan sadaya sagêd kalêbêt wontên ing paprangan punika.

Miturut kawontênanipun wadya Tiongkok ing sisih kidul, punika lajêng nuwuhakên kasamaran bokbilih Tiongkok kêdhêsêg ing mêngsah saha sagêd angêjègi dhatêng papan ingkang sakalangkung prayogi. Manawi mirid kawontênanipun, pabarisan Tiongkok punika tatanipun sap-sapan, dhadhaling wadya wau kapetang sawêg ingkang sap kapisan, unduring wadya Tiongkok lajêng mêntog barisan sap ingkang kaping kalih, ingkang kasantosanipun ngungkuli ingkang ngajêng. Tuwin malih sajatosipun barisan ingkang jawi piyambak wau pancèn sampun badhe dipun icali. Dados manawi makatên, pandhêsêgipun Jêpan punika malah kalêbêt dhatêng bêbaya agêng, kadosdene kalêbêt ing kala.

Manawi miturut tumandangipun Jêpan anggèning nêmpuh wontên ing ngriku punika sampun sawulan, sawêg sagêd miyak barisan Tiongkok kapisan. Môngka nyatanipun barisan ingkang kaping kalih pinanggih langkung kiyat, saya malih barisan ing wingkingipun, nama barisan indhênburêh, ingkang kawontênanipun saya langkung kiyat, tur saupami Jêpan sagêd andhadhalakên barisan indhênburêh wau, dumugining pusêripun nagari, inggih punika ing Nanking, taksih têbih sangêt.

[Iklan]

Nanging tumrapipun Jêpan inggih botên kewran dhatêng kawontênan ingkang kados makatên punika, saha lajêng ngrêtos bilih bab punika kêdah sarwa cekat-cèkêt, supados sampun ngantos ngicalakên sêrênging wadyanipun, mila prêlu ngiyatakên pabarisan ing sisih kidul. Namung wontên èwêdipun sakêdhik, tindakipun Jêpan anggèning anjêmbarakên pabarisan wontên sisih kidul, badhe andhêsêk panguwaosipun Inggris, inggih atêgês mêjahi lampahing padagangan ing Hongkong. Dene tumrap sisih lèr, Jêpan namung manggih sarwa pakèwêd, inggih punika ajênging wadya tansah kaalangan ing bêna agêng, môngka dumugining pusêr ingkang dipun kajêngakên taksih têbih, tuwin malih wontênipun ing ngriku kêpêksa campuh kalihan golongan komunis ingkang nêdya labuh nagari, saha sampun sami angsal dêdamêl saking Nanking. Salajêngipun manawi Jêpan ngangsêg manêngah malih badhe mrangguli parêdèn ingkang sarwa damêl pakèwêding lampah.

Manawi ngèngêti gawating paprangan, pinanggihing gawat wontên ing Jêpan, inggih ugi wontên nalaripun sagêd tumuntên sirêp, namung ingatasing paprangan, botên sagêd dipun kintên kados makatên.

--- 1176 ---

Kagunan Jawi

Sêngsêm tuwin lucon

Ingkang pinanggih wontên ing sêrat-sêrat, sêngsêm tuwin lucon, punika manawi kalêrêsan, sagêd anabêti dhatêng manahipun ingkang maos. Mila sami-sami ngarang, ing bab babagan warni kalih wau, kêgolong padamêlan ingkang angèl piyambak, awit mênggahing sêngsêm punika manawi kêlêrêsan, sanadyan namung pinanggih wontên ing ungêl-ungêlan, lajêng sagêd anarik kados awujud-wujuda yêktos. Makatên ugi lucon, botên dupèh ukaranipun wujud lucon, sanadyan lugu, manawi raos lucu, grêgêlipun inggih adamêl gujêng.

Nanging salugunipun sêngsêm tuwin lucon punika upasihaupamia. tiyang lumampah, pinanggih sampun minggir sangêt, sisip-sêmbiripun ngambah ing saru. Wontênipun makatên, awit sêngsêm punika limrahipun, tuwin ingkang adhakan, lèrèg dhatêng raosing jalêr utawi èstri, manawi lucon, lèrèg dhatêng badhudan. Nama sami nyêlaki dhatêng botên prayogi.

Saya malih tumrap têtingalan ingkang wontên wujuding tiyangipun, punika nyata gawat, awit tiyang ingkang nglampahi nama dipun tingali ing tiyang kathah, tamtu badhe angèl tumrap ingkang nindakakên. Nanging sadaya wau manawi sampun dados pakulinan, inggih lajêng kêraos piyambak.

Kados ingkang pinanggih ing kêthoprak Mardiwandawa ingkang nuju main wontên ing Mistêr Kornèlis, mitongtonakên lampahan Gôndakusuma, ing ngriku wontên sêngsêm tuwin luconipun ingkang damêl panujuning manah.

Ingkang nama sêngsêm, pinanggih kala nata wanita ing Kairo supêna pinanggih sinatriya bagus ing warni, sawungunipun lajêng kênganglangan, saha lajêng angrumpaka tanpa tuju. Solah wau sanadyan namung cêkak, sagêd isi sêngsêm tuwin raos ingkang angengingi manah. Pasêmonipun ingkang kanganglangan katingal suwung, nanging kala-kala gumujêng kados wontên ingkang dipun jak gumujêng, solah-tingkahipun kados wontên ingkang dipun cakêti. Solah kados makatên punika manawi dipun gagapi kajêngipun, têtela namung mujudakên gêgambaran raosing manah. Kaladuking panggagas pinanggihipun inggih kados makatên punika. Samantên godhanipun tiyang sampun diwasa.

Bab lucon, panakawan angêngimur gusti sarana bêbanyolan yuyu kangkang nyabrangakên para klêting. Ing sadèrèngipun dumugi, tamtunipun têtiyang sampun ngintên badhe ngambah ing saru, dening umuming dêdongengan wau mawi ngambah saru. Nanging pinanggihipun ing ngriku, namung awohawèh. gujêng tanpa ngambah saru. Punika dados satunggiling pasaksèn, bilih drajating kagunan Jawi sampun minggah.

Dados têtela sadaya wau kêdah tumindak adhêdhasar kasusilan, awit lugunipun kasusilan punika inggih alusing bêbudèn.

--- 1177 ---

Gapura ing Pasanggrahan Dalêm Pracimaarja

Ing sakilèn praja Surakarta, wontên pasanggrahan dalêm sampeyan dalêm ingkang minulya saha ingkang wicaksana, nama Pracimaarja. Pasanggrahan wau manggèn ing lambunging rêdi Marapi, mênggah asrining pasanggrahan wau kenging dipun wastani pindha kadhaton.

Ajênging pasanggrahan mangetan, manawi nuju rêsik langitipun, polataning pasanggrahan sagêd bablas mêntog rêdi Lawu, lumahing kitha Surakarta cêtha prênah-prênahipun. Manawi nuju môngsa mêndhung, mega-mega katingal ngalèmprèh anutupi kitha, katingal kados lumahing sagantên ing tawang. Pêngkêraning pasanggrahan, katingal pucaking rêdi Marapi, anjênggêlêg kados ngungak pasanggrahan, araos rumêksa pasanggrahan dalêm nata.

Hawanipun ing ngriku cêkapan, sanadyan asrêp, raosipun adamêl sêgêring badan, mila sanadyan ing parêdèn, tiyang taksih kuwawi kicah-kicih ngraosakên sêgêring toya ing wanci siyang. Samantên wau tumrap ingkang êkas.

Pasitèn ing ngriku punika sampun inggil, kathah têtanêman ingkang subur wontên ing hawa asrêp. Sêkar-sêkar wêdalan ing ngriku, pinanggihipun wontên ing ucap, ngantos kados umuk-umukan, wontên sêkar rêgulo (rus) ingkang mêgaripun salèpèk-lèpèk, kudhupipun sabithi-bithi.

Awit saking wontêning pasanggrahan kados makatên wau, anjalari kêrêp kagêm cangkrama, dening têbih cêlakipun saking praja cêkapan, hawanipun ugi cêkapan. Malah kêrêp wontên tamu agung ingkang rawuh ing ngriku. Tuwin jalaran saking brêkah dalêm nata, padhusunan ing kanan keringipun ngriku saya dangu saya mindhak tata raharja.

[Grafik]

Sami-sami pasanggrahan, ing Pracimaarja punika tansah wêwah-wêwah wêwangunanipun. Awit saking kaparêng dalêm nata, ing sapunika pasanggrahan wau kaêdêgan gapura, kapatêdhan nama: Gapurendra.

Pambikaking gapura wau anyarêngi wiyos dalêm têdhak ing pasanggrahan, ing dintên Jumuwah Lêgi tanggal kaping 27 Jumadilakir, taun Ehe ôngka 1868, sinêngkalan: èsthining pangrêngga samadyaning pura,Sengkalan: èsthining pangrêngga samadyaning pura (1868 A.J.). utawi kaping 3 Sèptèmbêr 1937, sinêngkalan: wiku mulat gapuraning ratu.Sengkalan : wiku mulat gapuraning ratu (1927 A.J.).

Ingkang kacêtha ing gambar, punika Gapurendra katingal saking jawi.

--- 1178 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Bab masakan

I

Garèng : Wadhuh, Truk, kathik festah-festah, nyam, nyam, nyam, duwe gawe, nyam, nyam, apa, ya, nyam, nyam, ambok, nyam, nyam, ambên dina, nyam, nyam, kaya ngene, nyam, nyam, iki, nyam, nyam, cêkik, cêkik.

Petruk : Hara, ta, rak banjur kêsêrêtên. Diombèni, diombèni, Kang Garèng, ambok gêntenan, mangan dhisik, nèk wis diêlêg, lagi caturan. Hla wong cangkême mucu-mucu, hla kok ngomong, kajaba omonge ora cêtha, rak akèh sing nyang ... taplak meja, Kang Garèng. Kajaba saka iku, wong mangan panganan kuwi, ambok tut siji, aja kok: sêmarmêndêm, srabi, cucur, mêniran, sate mêdura, dipangan barêng dadi siji mêngkono, mendah rasane, rak iya pating klênyit, Kang Garèng.

Garèng : Hla kuwi yèn kowe arêp wêruh, saradane wong kang tansah angrungkêbi nyang Pangerane, sabab tansah kulina manunggalake pikirane, murih bisa sêwiji panêmbahe nyang Pangerane, pungkasane mangan panganan warna-warna, sadurunge dumadi, iya kudu wis bisa manunggalake, murih aja pating dlêmok, nanging bisa wutuh. Seje yèn carane anggonku mangan kuwi miturut adpismu, ya kuwi: tut siji, iki aku bisa tumindak ora adil, sing tak akèhi anggone mangan iya sing enak-enak bae. Sing kira-kira ora pati enak, mung tak pangan sacuwil, bokmanawa tak kon mogok-mogok bae, iki dumadine bisa pating dlêmok, kuning, ijo, irêng, malah nèk ora kabênêran bisa uga ... ana kacange.

Petruk : Wayah, ana kok rupa-rupa rêmbuge mêngkono, ambok aja nyara dhalang, sing rame pêmayange, dupèh sajène kumplit. Ora, Kang Garèng, kowe tak ulêmi mrene kuwi sanyatane tak kon icip-icip olah-olahane adhimu, Makne Kamprèt. Sabênêre adhimu kuwi ngumpulake rêsèp masakan Jawa warna-warna sagadug-gaduge, kang banjur diaturake nyang kantor Bale Pustaka, kang saikine didadèkake buku, mèh dadi, Kang Garèng, bakale diêdol kanthi rêga murah bangêt.

Garèng : Ngrêti saikine aku, Truk. Kaya-kaya aku iya wis krungu, yèn Bale Pustaka arêp ngêtokake buku olah-olah, kang diimpun dening: R. A. Suwarsi. Ora, Truk, sabênêre aku iki rada kègi. Ingatase

--- 1179 ---

bojomu kuwi lêndha-lêndhu, bisane mung klecam-klècêm, kathik andadak mêtu umuke. Ngarang buku bae sing disêbutake kathik jênêngane cilik. Kuwi rak prasaksat kayadene banjur wara-wara: aku prawan, aku prawan, aku prawan, crèt (iki le idu), kajaba iku, gumunku, kowe kok iya olèh bae. Apa kowe ora kuwatir, yèn banjur ... ana sing nglamar.

[Grafik]

Petruk : Anggone nyêbutake jênênge cilik, kuwi ing sakawit ethok-ethoke tiru-tiru para juru ngarang wanita ing tanah Eropah, sing akèh-akèh iya wis padha dadi bilagê (lampiran) ewasamono ana ing buku karangane padha ngaku jênêngane bocah, kaya ta: Courts Mahler, Marie Corellie lan isih akèh manèh tunggale. Mungguh karêpe iki ora liya mung arêp ngatonake sêmanake, nèk wis cêtha ana bojone, kuwi wong sing arêp sêsrawungan, sing akèh-akèh sok banjur padha rikuh, wong iya wis mopro, mêngko gèk rakane ora ngidini layang-layangan, sanadyan ing bab sing gêgayutan karo karangane mau. Saupama rakane olèh layang-layangan, wong iya wis mopro, mêsthine dina-dina repot ajêgan, iya rêrêsik ing sajêroning omah, iya ngadani panyêkêle bale omah, iya momong anak, iya ... mopoki barang. Nèk layang-layangan mêsthine iya ora kobêr babarpisan. Seje yèn jênêng bocah, pangirane wong kang kapisanan: mêsthi akèh kobêre, nèke iya isih mèlu wong tuwane, durung nyêkêl butuh, durung duwe rêrênggan apa-apa, cêkake durung repot. Kajaba saka iku, yèn ngaku thoklèh: mopro anu, sing arêp anglayangi pikirane iya repot, gèk kêpiye patrape anggone arêp nulisi, nèk sarana sakêpenake bae, gèk kana luwih tuwa tinimbang aku, nèk layange tak gawe andhap-asor bangêt, mêngko gèk kana, sanadyana wis krama, nanging isih bocih bangêt. Seje karo jênêngan bocah, iya wong tuwa, iya wong sêdhêngan, iya bocah, arêp nulisi layang ora prêlu rikah-rikuh. Lho, kuwi sabab-sababe mulane [mula...]

--- 1180 ---

[...ne] adhimu ana ing bukune sing disêbutake jênêngane bocah, prêlune bèn bisa luwih sêmanak. Bab kang kaping pindho, apa aku ora kuwatir, yèn banjur ana wong sing nglamar, hla, kadar mung dilamar bae, kene rak duwe wênang nolak. Nèk bisa mêsthèkake, wong wadon dilamar banjur bakal mangsuli: iya, iya, iya, kapan le nyang mas pêngulu. Hla, wis wajibe yèn wong lanang banjur kudu kuwatir, nèk mung dilamar bae, rak iya ora dadi ngapa, malah wajibe sing dadi wong lanang, kudu sênêng lan gêdhe atine, sabab banjur yakin, yèn bojone: pintêr, ayu, sêngklik-sêngklik, manise ulêng-ulêngan.

Garèng : Iya sukur, yèn panêmumu wis têmua samono, nèk aku durung bisa, Truk, aja manèh ana wong wani nglamar, sêlagine aku mlaku karo bakyumu, kok ana wong wani namatake bakyumu, atiku iya banjur kêmropok, kudu arêp ngantêmi bae ... saupama wani. Ora, Truk, ambalèni ngrêmbug buku olah-olah sing diimpun dening bojomu. Aku arêp takon manèh, bojomu kuwi kathik sajak kumalungkung, wani-wani ngarang rêsèp olah-olahan Jawa awarna-warna, apa wis pintêr bangêt mungguhing olah-olahan Jawa. Kajaba saka iku, luwih kumalungkung manèh, dene sajak amêsthèkake yèn olah-olahane bakal dimathuki wong akèh. Durung kinar, sèh.

Petruk : Kang Garèng, yèn wong arêp gêgawean, dipêsthèkake kudu ahli têmênan mênyang apa sing arêp digawe mau, kiraku banjur ora ana wong arêp gêgawean apa-apa, awit ing ngalam donya iki ora ana wong kang ahli têmênan marang sawijining bab, nganti bisa diunèkake sampurna babarpisan. Sanadyan propesor ing bab ilmu bumi upamane, sing rina wêngi kang diuthêk-uthêk mung ilmu bumi bae, durung karuan yèn kawruhe nyang ilmu bumi wis kêna diarani: ahli têmênan. Bokmanawa ditakoni prênahe: kampung Kêmlayan bae, ora ngrêti. Banjur propesor mau, apa iya ora kêna ngarang ing bab ilmu bumi. Pitakonmu kang kaping pindho, apa adhimu amêsthèkake yèn olah-olahane bakal dimathuki karo wong akèh, iki babarpisan ora, Kang Garèng. Adhimu iya wis ngrêti, yèn rasane siji-sijining wong kuwi mêsthi beda-beda, nèk sing siji ngarani enak, durung karuan yèn liyane ngarani enak. Mulane yèn nêmoni rêsèp sing barêng dicoba, kadadeyane ora cocog karo rasane dhewe, aja kok banjur misuh-misuhi marang wong kang ngimpun rêsèp-rêsèp mau, nanging banjur kudu diwuwuhi utawa diêlongi bumbune, sing marakake kurang enak kanggo rasane mau.

Pawartos saking Rêdhaksi

K. 3649 ing Pênandhonan 36. Gambar kalih botên adamêl sêngsêm. Rê, Pa, 16 Sawal, Wawu 1833 (lêrêsipun Sla, Lê), dhawah 5 Januari 1904. Stu, Lê, 12 Rêjêb, Ehe 1836 dhawah Sèptèmbêr 1906. Kê, Kli, 11 Sura Wawu 1841, dhawah 5 Januari 1911. Sn, Pa, 1 Mulud, Jimawal 1845 dhawah 18 Januari 1915.

Lêngganan No. 2975. Ênut gêndhing slendro rêgi f 0.60. Pratikêlipun nabuh gamêlan rêgi f 0.32. Buku kêkalih punika namung kantun sakêdhik. Babad Tanah Jawi Jilid 1, dèrèng dipun êcap malih. Pamrayogi panjênêngan ingkang sakintên kenging, inggih badhe dipun cakakên, matur nuwun.

--- 1181 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Ganjaran dhatêng têtiyang ing Brondong. Ing dhusun Brondong, bawah Lamongan, mêntas wontên paargyan anampèkakên baita minangka ganjaran dhatêng tiyang 6 ingriku, ingkang ingajêng mitulungi kasangsaran nalika kèrêmipun kapal Van der Wijck. Tiyang nêm ingkang tampi ganjaran wau tiyang ingkang agêng piyambak lêlabêtanipun. Ingriku kawontênakên wêdharsabda ingkang dipun wêdharakên dening residhèn ing Bojonêgoro tuwan Nieuwenhuyzen, salajêngipun nyonyah Van der Plas amiwiti pasang pandhêmèn tandha pêpadhang ing sagantên. Salajêngipun tuwan Gupêrnur masrahakên sêrat-sêrat baita tuwin maringakên ganjaran arta. Salajêngipun agent K.P.M. tuwan De Jong ugi mêdharsabda. Wusana kawontênakên wilujêngan agêng-agêngan kangge juru misaya ulam ingriku cacahipun tiyang 1000.

[Iklan]

Pindhahan dokter. R. Soedyono, dokter ing C.B.Z. Bêtawi, kapindhah dhatêng Cirêbon kabantokakên dhatêng Gemeente ingriku. R. Soerono Hadibroto, dokter ing Sêmarang, kapindhah dhatêng C.B.Z. ing Bêtawi.

H.B.S. ing Ngayogya. Dumuginipun sapunika H.B.S. ing Ngayogya sampun nampèni murid 46. Cacah samantên wau ingkang saking Ngayogya 44, saking Surakarta 2. Murid-murid wau ingkang 9 tiyang siti, 8 bangsa Tionghwa, tuwin 29 bangsa Eropa.

Rancangan lampah têdhakdalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicansana.Wicaksana. Miturut rancangan ing Surakarta, badhe têdhakdalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana dhatêng Surakarta: Tanggal 22 Sèptèmbêr Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana nitih extratrein N.I.S. wanci enjing saking Sêmarang. Sarawuhdalêm ing Balapan dipun papag Sampeyandalêm Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana kanthi upacara Kaprabon, tuwan Gubêrnur tuwin K.G.P.A.A. Mangkunagara. Saking sêtatsiyun dhatêng dalêm Gupêrnuran nitih kreta kancana. Samargi-margi dipun jagi ing prajurit Mangkunagaran tuwin prajurit Kasunanan. Kala punika dipun dhatêngi prajurit kavallerie saking pundi-pundi, kangge pakurmatan. Jam 4.30 têdhak papan pambathikan agêng. Kêmis 23 Sèptèmbêr, enjing, Sampeyandalêm Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana tuwi dhatêng Gupêrnuran. Sontênipun receptie ing Kadhaton. Ing wanci sontên têdhak Zendingsziekenhuis, lajêng mriksani pabrik sês Marikangên. Nyarêngi wancinipun, Kangjêng Nyonyah Gupêrnur Jendral têdhak Ziekenzorg. Jumuwah 24 Sèptèmbêr bidhal dhatêng Ngayogya nitih extratrein N.I.S.

Pikramèn agung tuwin têtingalan gagrag enggal. B.K.P.H. Hadiwidjojo ing Surakarta mêntas kagungan damêl ngramakakên putridalêm asma R. Adjêng Koesmarijah Sri Dewajani angsal Dr. Goedadi. Ingkang rawuh anjumênêngi dhauping pangantèn, K.G.P.A.A. Mangkunagara sakalihan G.K.R. Timur. K.G.P.A.A. Pakualam. Tamu Walandi tuwan Gupêrnur K.J.A. Orie sakalihan nyonyah. Pangagêng sanès-sanèsipun kathah. Ingriku mawi pasamuwan bêksa Indhu Manipuri, katindakakên dening R. Adjêng Koestati Sri Hariti, ingkang mulang bêksa wau Mr. Nataraj Vasji, kanthi gangsa ingkang gêndhingipun anggitandalêm B.K.P.H. Praboewinoto.

Tiyang ingkang numpak sêpur S.S. mindhak. Miturut cathêtan, wiwit Januari dumugining wulan Augustus kêpêngkêr, angsal-angsalanipun S.S. ing tanah Jawi tuwin ing Sumatra, tinimbang pêpetangan makatên ing taun kêpêngkêr, langkung 41 yuta kathah sapunika. Tumrap tanah Jawi kemawon ing salêbêtipun wolung wulan wau wontên 3.5 yuta. Angsal-angsalan S.S. ing tanah Jawi salêbêtipun wulan Augustus kemawon wontên f 671.000,-.

Pakêmpalan panulung pangangguran ing Madiun damêl pamulangan. Pakêmpalan ingkang namanipun kados kasêbut inginggil, badhe ngêdêgakên pakêmpalan landbouwcursus, anampèni murid wêdalan saking pamulangan angka kalih. Kajawi punika pakêmpalan wau ugi sampun ngêdêgakên pamulangan dagang andhap, anampèni lare ingkang andhap-andhapipun saking pamulangan H.I.S. Sapunika muridipun sampun kawandasanan.

Ewah-ewahan lampahing sêpur S.S. Wiwit benjing tanggal 16 November ngajêng punika lampahing sêpur kilat kaewahan makatên: Sêpur kilat saking Surabaya dhatêng Bandung tuwin Bêtawi ingkang rumiyin bidhalipun saking Ngayogya jam 10.35 kaajêngakên gangsal mênit, dados jam 10.30. Dene sêpur kilat saking Bandung (Bêtawi) dhatêng Surabaya, bidhalipun saking Ngayogya ingkang padatan jam 1.53, dipun undurakên gangsalwêlas mênit. Tumrap sêpur snel mangilèn saking Ngayogya, padatan wontên kalih, inggih punika dhatêng Bêtawi, bidhal saking Ngayogya jam 8 enjing, satunggalipun dhatêng Bogor mêdal Bandung, pangkatipun jam 6.20. Wiwit tanggal 16 November lampahipun kagandhèng dados satunggal, sadumugining Kroya kapisah dados kalih, satunggal dhatêng Bêtawi mêdal Cirêbon, satunggalipun dhatêng Bandung mêdal Maos. Bidhalipun saking Ngayogya jam 7. Sêpur ingkang dumugi ing Ngayogya jam 4.10 saking Bêtawi, tuwin jam 5.50 saking Bogor. Wiwit tanggal 16 November ugi kagandhèng dados satunggal wontên Kroya. Dumugi Ngayogya jam 6.

Pamulangan Ijkers kawontênakên malih. Kawartosakên, pamulangan Ijkers kangge perolening Ijkwezen ingkang rumiyin kawontênakên ing Bandung, badhe kawontênakên malih.

--- 1182 ---

Badhe wontên pabrik dlancang enggal. Wontên wartos, bilih pabrik dlancang ing Padalarang gadhah sêdya badhe ngêdêgakên pabrik malih wontên ing Lècês, sawetan Probolinggo. Pabrik wau badhe kadamêl agêng sangêt, badhenipun dlancang wau mêrang. Sarèhning pabrik punika agêng, pêrlu badhe ngawontênakên têtiyang kangge pados mêrang dhatêng pundi-pundi. Pabrik wau badhe ngangge toya ing sabên sasêkon 100 litêr, mêndhêt saking têlaga Ronggojalu, sarana kapompa. Salajêngipun kaangkah supados toya ingkang mêdal saking pabrik ngriku kenginga lajêng kangge anggarap sabin.

[Grafik]

Kaangkat dados secretaris Gezant nagari Walandi ing Judah. Kawartosakên, Mr.R. Moehamad Moesa Soeria Nata Djoemêna (gambar nginggil sêkaliyan garwa) kaangkat dados secretaris Gezant nagari Walandi ing Judah. Mr.R. Moehamad Moesa punika putranipun R. Nata Legawa wêdana pènsiun ing Singaparna.

Bangsa Tionghwa ingkang sami ngungsi mriki. Kapal Cisarua ingkang nêmbe dhatêng ing Tanjung Priok ambêkta bangsa Tionghwa saking Tiongkok ingkang sami ngungsi dhatêng tanah ngriki. Nalika dhatênging kapal kathah ingkang mapag. Têtiyang ingkang mandhap wau wontên 177 saking Syanghai, tuwin 142 saking Amoy. Tiyang cacah samantên wau ingkang 153 sami student saking pamulangan luhur. Dhawahing bom nalika pêrangan, ngantos adamêl risaking gêdhong pamulangan. Tiyang wau wontên ingkang badhe dhatêng Muntok, Borneo Kilèn, Sumatra Kidul tuwin sanès-sanèsipun. Miturut katrangan saking kaptining kapal wau, nalika bidhal saking Syanghai wontên tiyang 1251 lajêng pindhah wontên ing kapal-kapal sanès.

Kêbêsmèn ingkang nyalawados. Sampun sawatawis dintên ing Pagangsaan Wetan wontên griya kêbêsmi, ngantos andhatêngakên pompa. Tuwuhing kêbêsmèn wau wanci jam 2.30 siyang. Enjingipun ingriku wau ugi wontên kêbêsmèn malih, wanci jam 9 enjing, sarêng siyangipun wanci jam 12.30 ugi makatên. Rahayu sadaya wau botên ngantos kêlajêng. Ingriku lajêng nuwuhakên pandakwaning pulisi, bilih kêbêsmèn punika saking pandamêling tiyang. Wusana wontên katrangan, ing sadèrèngipun wontên lêlampahan makatên punika, sampun wontên wartos bilih ing kampung ngriku badhe wontên kêbêsmèn. Salajêngipun pulisi pados katrangan ing pundi witing wartos wau.

Jam pèngêtan tumbukdalêm Nata. Ingajêng sampun nate kawartosakên, anyarêngi tumbukdalêm Sampeyandalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogya, wontên pisungsung awarni jam agêng saking para kawula warni-warni. Ing sapunika saking kaparêngdalêm Ingkang Sinuhun, jam wau kadhawuhan masang wontên Srimanganti. Jam wau asli wêlingan saking Jêrman.

Inggah-ingahan.Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur ing Jawi-Têngah, M. Soekarno, Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi Veldpolitie Batang, dados asistèn wêdana paresidhenan Pêkalongan.

Waterleiding ing Cirêbon. Gemeente ing Cirêbon mêntas nyêbar wara-wara, bilih wiwit benjing tanggal 1 Januari 1938, tumrap griya ingkang sewanipun f 7.50 minggah kêdah lêngganan toya waterleiding tuwin mbayar waragad panyambêting pipa. Tindak makatên punika gêgayutan kalihan tatanan babagan waterleiding enggal. Toyanipun waterleiding wau mêndhêt saking sumbêr ing Cipani, ingkang toyanipun sae, kenging kaombe sanalika. Sarèhning tumindaking nyambêt pipa wau kathah sangêt, mila wiwit sapunika supados têtiyang ingriku tumuntêna anglapurakên.

Kintunan barang dagangan saking tanah ngriki. Miturut katrangan saking Centraal Kantoor voor de Statistiek, ing salêbêtipun wulan Augustus kêpêngkêr, wontênipun barang dagangan saking tanah Jawi tuwin Madura ingkang kakintunakên dhatêng tanah ngamanca wontên 273.100 ton, rêrêgèn f 26.000.000.-

Kasangsaran motor mabur. Kala ing dintên Salasa kêpêngkêr, kintên-kintên jam 11 siyang, wontên motor mabur militèr 3 anggêgana wontên sanginggilipun Tangêrang. Nalika motor mabur wau badhe mandhap ing Cerewet, wontên satunggal ingkang ambalik saha lajêng dhawah nubruk wit-witan, suwiwinipun têngên putung. Ingkang nglampahakên nandhang tatu.

NAGARI WALANDI

Prins Bernhard dados pangayoman N.O.C. Nalika Ned. Olympiade Comite ngawontênakên pèngêtan, pangarsaning babadan wau angangkat Prins Bernhard dados pangayoman, ugi dipun tampi. Ingriku lajêng dipun tampi kanthi gambira. Gêgayutan kalihan pèngêtan N.O.C. wau, ugi badhe damêl buku pèngêtan.

Têdhak ingkang botên kanyana-nyana. Satunggiling dintên Sri Bagenda Maharaja Putri rawuh ing Deventer saking Het Loo nitih auto. Mênggah wigatosing têdhakdalêm wau badhe mriksani tentoonstelling tanah Indiya ingkang kawontênakên gêgayutan kalihan wontêning Midd. Kol. Landbouw School. Rawuhdalêm dipun papag dening Prof. Le Cosquino de Bussy tuwin direkteur pamulangan wau tuwan Zijlstra. Sri Bagenda Maharaja Putri ngalêmbana dhatêng wontêning tentoonstelling wau.

ASIA

Kasangsaran ing sagantên. Miturut wartos saking Singapura, kapal momotan Mizanore nalika nuju layaran antawis 70 mil saking Hongkong, mitulungi juru misaya ulam bangsa Tionghwa 5, sami kasangsaran jalaran angin agêng. Têtiyang wau anggèning kompal-kampul ing sagantên sampun 5 dintên, tanpa nêdha tanpa ngombe. Miturut pratelanipun têtiyang wau, wontên tiyang 7 ingkang sampun tiwas. Golonganing têtiyang ingkang sami misaya ulam wau wontên 40 baita, têtiyangipun sadaya wontên 450.

--- 1183 ---

Wêwaosan

II. Lampahanipun Dhobrinya

13

Kalayan tanpa kèndêl anggènipun tansah ambêngoki asmanipun sang dèwi, Dhobrinya saya lêbêt anggèning malêbêt wontên ing guwa ngriku, nanging botên sagêd amanggihakên sang putri, makatên ugi botên sagêd mirêng wangsulanipun. Jalaran saking punika Dhobrinya lajêng anggadhahi kuwatos, bilih sang putri sampun pinêjahan sarta kamôngsa dening naga wau. Mênggah pamanggihipun Dhobrinya, bokmanawi kemawon sang putri sampun kamangsakakên dhatêng anak putunipun naga ingkang awujud sawêr alit-alit punika. Sarana oboripun Dhobrinya ngoncori ing salêbêtipun guwa ngriku tanpa wontên panggenan ingkang kalangkungan. Nanging sadaya pambudidayanipun wau tanpa damêl, awit sang putri botên sagêd kapanggih. Dhobrinya ngraos alit manahipun, saha lajêng botên gadhah pangajêng-ajêng malih sagêd amanggihakên sang dèwi. Samangke Dhobrinya rumaos bingung manahipun, awit manawi ngantos wangsul dhatêng Kiyèf tanpa ambêkta sang putri Pujatisna, gèk kadospundi dukanipun Sang Prabu Wladhimir. Dados anggènipun pêrang tandhing kalihan naga Gurindayêksa ingkang samantên rêkaosipun wau, nama tanpa guna. Salêbêtipun guwa ngriku wontên guwanipun alit-alit, dening Dhobrinya sampun wontên guwa sawêlas iji ingkang dipun lêbêti, ing ngriku wau ugi wontên têtiyang ingkang sami dados tawanan, ingkang lajêng sami dipun luwari sadaya, nanging sang putri piyambak botên wontên, lan para tawanan sadaya botên wontên ingkang sumêrêp, wontên pundi sang putri anggènipun dipun tawan. Ing salêbêtipun guwa ingkang ôngka sawêlas wau, dumadakan Dhobrinya sumêrêp wontên guwa alit malih, ingkang ing nglêbêt wontên korinipun ingkang ing kala punika dipun kancing. Para tawanan ingkang sami wontên ing ngriku, satunggal botên wontên ingkang sumêrêp dhatêng pundi anjoging kori wau. Malah sami botên sumêrêp, bilih ing ngriku wontên korinipun, jalaran salami-laminipun ing ngriku punika tansah pêtêng. Dhobrinya lajêng andêdêl kori wau, ngantos kori wau mênga piyambak. Sarêng korinipun mênga, cêtha, bilih ing sawingkingipun ngriku punika guwa alit ingkang minôngka kangge papan pakunjaranipun Dèwi Pujatisna, lan ing kala punika sang putri inggih taksih wontên ing nglêbêt ngriku. Sang putri wau katlikung rante kiyat sangêt, ingkang anjalari botên sagêd lênggah lan botên sagêd jumênêng, kapêksa kêdah namung satêngah gêgandhulan kemawon, wadananipun sang putri sakalangkung pucêt, lan sagêdipun namung ngrintih lirih sangêt. Dhobrinya enggal-enggal mêdhoti rante ingkang kangge nalikung sang putri wau, sasampunipun sang putri lajêng kabopong kabêkta mêdal dhatêng ing sajawining guwanipun naga wau. Sarêng dumugi ing papan ingkang padhang malih sang putri tuwin Dhobrinya mirêng surakipun tiyang kathah, ingkang jalaran saking bingahipun dene sami luwar saking panguwasanipun naga, samangke sami surak-surak angrubung sirahipun naga ingkang ing kala punika gumlundhung wontên ing siti. Têtiyang kathah wau wontên ingkang jêjogedan, wontên ingkang têtêmbangan, lan ugi wontên ingkang andhupaki sirahing naga wau. Ing kala punika Dhobrinya lajêng matur dhatêng sang putri makatên:

Dhuh, Sang Putri Pujatisna, wontênipun têbih-têbih mêksa kula lampahi dumugi ing ngriki, saha salajêngipun kula lampahi pêrang tandhing kalihan naga Gurindayêksa ngantos tigang dintên tigang dalu dangunipun, kanthi rêkaos sangêt sagêd kula mênang kalihan naga wau, sêdya kula botên sanès kajawi namung badhe angluwari panjênêngan. Sanadyan kula ngantos dhawah ing pêjah, kados kula botên badhe eman, manawi panjênêngan sagêd sugêng kemawon. Samangke kalêksanan panjênêngan sagêd luwar saking guwa punika kanthi sugêng, pun naga sampun pêjah gumlethak wontên ing siti dados gêgujênganipun tiyang kathah, ingkang dèrèng dangu punika ajrihipun dhatêng naga wau kagila-gila. Môngga, samangke kula dhèrèkakên kondur dhatêng Kiyèf, ngèstupada dhatêng Sang Prabu Wladhimir, nata ing Ruslan.

Sasampunipun matur dhatêng sang putri makatên wau, Dhobrinya lajêng numpaki kapalipun, sang putri kapapanakên lênggah ing ngajêngipun, saha kapal lajêng kabandhangakên, nilar parêdèn karang ingkang anggêgirisi, lèpèn ingkang angukus, punapadene siti ingkang mêntas kaluberan rahing naga wau.

Dumuginipun ing kala punika, sang putri tanpa wontên pangandikanipun sakêcap-kêcapa, ngêmungakên tansah nyawang kanthi gumun dhatêng satriya neneman ingkang sagêd amêjahi naga Gurindayêksa punika. Awit sang putri piyambak uninga bilih sampun kathah para nata, para pangeran, para satriya pupadenepunapadene. para prajurit, ingkang sampun kasuwur mênggahing kaprawiranipun, sami tiwas amêngsah pêrang kalihan naga wau, ingkang anjalari tuwuh kayakinaning tiyang, bilih botên wontên titahing Pangeran ingkang sagêd anglawan naga Gurindayêksa. Ing samangke têka naga punika sagêd pinêjahan dening satriya ingkang

--- 1184 ---

bagus warninipun sarta anèm dhasaripun punika, sarta miturut cariyosipun, anggènipun mrêlokakên dhatêng ing ngriku amêngsah pêrang kalihan naga wau, botên sanès sêdyanipun kajawi namung badhe ngluwari sang putri.

Sarêng lampahipun wau sampun dumugi ing papan ingkang sakeca, ujug-ujug sang putri kalair pangandikanipun makatên:

Dhuh, satriya, saking gênging pitulungan panjênêngan dhatêng kula punika, kanthi bingahing manah sarta lêga rila kula ngakên panjênêngan kadosdene tiyang ingkang ngukir jôngga kula, nanging kula pakèwêd dene panjênêngan taksih mudha. Dados inggih botên pantês saupamia dados bapa kula. Saking gênging pitulungan panjênêngan dhatêng kula wau, kula sagah ing salajêngipun dados sadhèrèk èstri panjênêngan, nanging saupami kula namung ngakên sadhèrèk kemawon, kados inggih botên mathuk malih. Saking gênging panuwun kula dhatêng pitulungan panjênêngan wau, kanthi lêganing manah kula sagah dados jatukrama panjênêngan, nanging manah kula karaos, bilih panjênêngan botên krêsa dados têtimbangan kula punika.

Sasampunipun ngandika makatên wau sang putri sêmu katingal lingsêm sangêt saha lajêng nutupi wadananipun mawi asta, saha botên krêsa mriksani dhatêng Dhobrinya. Ing ngriku Dhobrinya lajêng ngaturi wangsulan makatên:

Dhuh, sang dèwi, sampun pisan-pisan andadosakên panggalih panjênêngan, botên saking jalaran kula botên purun, nanging mênggah sajatosipun, kula botên kenging kadhaupakên kalihan panjênêngan, amargi panjênêngan punika putra-putrining nata, sadhèrèk nak-dhèrèk raka nata Prabu Wladhimir, nata ingkang amêngku praja Ruslan. Sarêng kula punika namung anak turunipun satriya limrah. Anaking satriya limrah, botên pantês saupami ngantos dhaup kalihan satunggiling putri, putraning nata, kadosdene panjênêngan punika.

Salajêngipun, Dhobrinya kalihan sang putri anglajêngakên lampahipun, tanpa angandikan punapa-punapa. Lampahipun kapal botên watawis dangu lajêng dumugi ing Kiyèf, inggih ing papan kadhatonipun Prabu Wladhimir. Ing kala punika Prabu Wladhimir saha sang pramèswari, kaadhêp ing para abdi, sampun lênggah wontên ing sitinggil angêntosi sowanipun Dhobrinya tuwin Sang Putri Pujatisna, awit sadèrèngipun para prajurit ingkang sami jagi wontên ing panggung, sampun suka sasmita, bilih saking katêbihan Dhobrinya akanthi Dèwi Pujatisna, katingal dhatêng numpak kapal bêbandhangan anuju dhatêng kadhaton. Sarêng lampahipun Dhobrinya sampun dumugi ing sangajêngipun sitinggil, enggal-enggal piyambakipun mêncolot saking kapalipun, sang putri kaandhapakên saha lajêng kairid sowan ing ngarsanipun Sang Prabu Wladhimir. Sadumugining ngarsa nata, Dhobrinya lajêng matur nêmbah: Dhuh, gusti, sêsêmbahan kawula sadaya, kawula sampun anglêksanani punapa dhawuh nata, inggih punika angluwari rayi paduka Dèwi Pujatisna saking guwanipun naga Gurindayêksa. Makatên ugi tawanan sanès-sanèsipun sampun kawula luwari sadaya, inggih punika: para nata sagarwanipun, kawan dasa cacahipun, para pangeran, para satriya, para prajurit, lan sanès-sanèsipun malih, tanpa wicalan kathahipun. Salajêngipun, naga Gurindayêksa botên badhe mabur kêkitêr wontên ing sanginggiling praja Ruslan, prêlu anggondhol lare utawi kênya, awit samangke naga sampun pêjah sarta êndhas saha badanipun ingkang sampun sami pating prêthil, gumlethak wontên ing siti ing sangajêngipun guwaning naga. Sarta dados pangerang-eranging têtiyang tawanan ingkang sampun sami luwar saking guwa wau. Makatên ugi anak putunipun ingkang awujud naga alit-alit yutan lêksan cacahipun, sampun kawula tumpês sadaya, ingkang anjalari botên badhe wontên biyung ingkang têtangisan anangisi anakipun ingkang dados mangsanipun naga alit-alit wau.

Mirêng aturipun Dhobrinya ingkang makatên punika, rênaning panggalihipun sang prabu tanpa upami, sarta lajêng jumênêng saking palênggahanipun saha paring urmat dhatêng Dhobrinya sarana andhêngklukakên mastakanipun, makatên ugi para ingkang sami andhèr ngêmpal wontên ing sitinggil ngriku, sadaya sami suka urmat dhatêng Dhobrinya, satunggal tanpa wontên ingkang kalangkungan. Ingkang makatên wau mila inggih sampun mêsthinipun, jalaran lêlabêtipun Dhobrinya dhatêng nagarinipun mila inggih agêng sangêt, dene sagêd angluwari praja Ruslan saking panggodhanipun mêngsah ingkang tanpa tandhing mênggahing kadibyanipun. Saking daya-daya anggènipun badhe ngurmati lêlabêtanipun Dhobrinya wau, sang prabu lajêng andhawuhakên, supados ing dintên punika, sakathahing gêntha ing greja saindênging kitha Kiyèf, kadhawuhan ngungêlakên sadaya. Makatên ugi para abdi dalêm panylomprèt, kadhawuhan angungêlakên slomprètipun sadaya, minôngka satunggiling sasmita mênggahing unggulipun Dhobrinya anggènipun amêngsah pêrang kalayan naga Gurindayêksa wau. Salajêngipun, botên watawis dangu, ramening suwara gêntha punapadene slomprèt angêbaki saindênging kitha.

Badhe kasambêtan.

--- 145 ---

No. 37, Taun VIII.

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI: BU-MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM RÊGANE SATAUN F 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

MANGSULI LAYANG

Sanjoto, Gondangdia. Layangmu karo-karone wis daktampa, ora liya bangêt panrimaku. Karanganmu bab krambil kok wis kaprah, mula ora bisa kapacak lan têrwèlu uga wis rada bekend. Karangan liyane ya rada apik.

Sri Soelastri lan Sri Oetami p/a R.H. Hadisoebroto, Bangirêja Jokyakarta. Bangêt sênêngku kowe padha mêrlokake ngirimi layang nyang Bu Mar sarta nandhakake kasênênganmu maca T.B. Dadi kowe sasêdulur ana 6, mangka barêng saomah, wah ya ndah kaya apa ramene ing omahmu kuwi, "mungguh cara landhaa mêngkono ya erg gezellig" ya Sri? Mêsthine ya sok padha sênêng rêbutan apa-apa. Nanging kowe Sri Soelastri lan Sri Oetami, kudu padha ngêmong adhi-adhimu, awit kowe sing kalêbu wis gêdhe-gêdhe.

Poedjooetomo, Purwokêrto. Kok wis sawatara lawas kowe ora kabar-kabar nyang ibumu. Kapriye mungguh kaananmu, apa padha slamêt.

Soekarni p/a, S. Sastrodiardjo, Plandaan T.A. Layangmu kang nandhakake kabungahanmu maca T.B., wis daktampa kanthi sênêng. Dadi Loediah lan Toetiah iku kancamu sêkolah? Ya salamku bae ya nyang bocah loro iku. Wis sawatara suwe ora ngirimi layang nyang bu Mar. Lêluconmu uga wis daktampa, bangêt panrimaku.

Soewoko, Jlagran, Ngayogya. Layangmu isi karangan lêlucon wis kêtampan, bangêt panrimaku.

Soembarti, Bumiayu. Karanganmu bêgatruh wis daktampa, ora liya bangêt panrimaku. Pambatangmu cangkriman, sing nomêr 1 bênêr, nanging nomêr 2 lan 3 luput kabèh. Pitakonmu bab karanganmu dhèk biyèn, ya êntènana dhisik, sing sabar, ya, awit saking akèhe karangan lêlucon, mula ya lawas duwèkmu ora kapacak-kapacak.

Roebigda p/a Mardowo Inf. 2 VIII Malang. Pambatangmu cangkriman kang kapacak nalika tanggal 4 Sèptèmbêr, bênêr kabèh.

Sri Sasanti, Surakarta. Layangmu karo-karone wis daktampa kanthi sênênging ati. Saiki durung bisa kapacak, bokmanawa liya dina.

Im. Sj. Oemar, Purbolinggo. Lêluconmu lan pangulir nalar dhèk biyèn ora bisa kapacak, coba saiki gawea karangan dêdongengan lan liya-liyane kang anêngsêmake kanggo bocah-bocah. Wah dadi kowe êntas nonton Pasar-Gambir, ya? Pancèn rame bangêt kok. La kok kêbangêtên kowe kuwi, wis têkan ing Bêtawi kok ora mampir nyang G. Bungur. Nanging ya wis ora dadi apa, Oemar, wong saka Pêtojo Sawah nyang Bungur kuwi ora cêdhak. Besuk bae manèh, ya, yèn têka nyang Bêtawi, sing rada suwe aja mung rong dina.

Niek, Pêkalongan. Layangmu isi karangan wis kêtampan, ora liya bangêt panrimaku. Nanging aja pisan dadi atimu, karangan ora bisa kapacak. Yèn dhangan atimu gawea liya manèh sing apik.

Sri Mastoeti, Surakarta. Bangêt panrimaku kokirimi layang isi lêlucon warna-warna. Mastoeti, yèn kowe maca dongènge Ki Satu lan Ki Dua, mêsthi ngêrti cara jawane Kabouter. Yèn dongènge durung kaprah sarta apik, ya kêna dikirimake, sanajana njawakake dongèng Walanda.

Sulardjo, Batavia-Centrum. Layangmu wis daktampa kanthi bungah.

Kho Ngo Kioe, Blabak. Bangêt bungahku kokirimi layang manèh sarta isi lêlucon warna-warna.

Roekajah, Wlingi. Bangêt panrimaku dene kowe mêrlokake têtêpungan karo bu Mar lan ngirimi karangan dêdongengan sarta lêlucon warna-warna. Sarèhne saiki wis kêbak, bakal dakpacak besuk liya dina bae.

Soedjoko, Nganjuk. Layangmu pitêpungan wis daktampa kanthi bungah. Dadi kowe wis tau manggon ing Kranjiweg, la saiki kowe sêkolah apa. Apa kowe saiki wis nyambutgawe? Dhèk taun pira anggonmu manggon ing Kranji?

Soekirno, Kaliwira. Aku wis tampa layangmu isi karangan lan portrèt-portrèt, ora liya bangêt panrimaku. Nanging ora bisa kapacak kabèh, mung dakjupuki sing pêrlu-pêrlu bae, mula ya aja pisan dadi atimu.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar.

--- [146] ---

LÊLUCON

Lilih sanalika

Ibu : "Dhuwitmu 15 sèn mau apa isih?"

Sidin : "Wis êntèk kok bu."

Ibu (nêsu) : "Diwènèhi pira-pira diêntèkake wae, dhêmên jajan kowe ya, ngati-ati kowe mêngko ora dakwènèhi sêga."

Sidin (nangis) : "Hi, hiiiii ... wong dianggo tuku pranko kanggo kirim layang bu Mar kok, aku rak wis matur, yèn sathithik-thithike sasasi sapisan, ngaturi layang bu Mar, yèn lêga ya sasasi kaping pindho."

Ibu : "O, dadi ora kanggo jajan, kanggo ngaturi layang bu Mar, ya wis mênêng."

Sanjoto, Gondangdia.

Gêmi karo Yati lagi rêbutan tape

Ibu : "Gêmi, kowe wis gêdhe, mbok ya ngalahi."

Gêmi : "Aku moh ngalah, wong umurku isih 5 taun. Nèk Yati wis tuwa, la wong ora duwe untu."

Soewoko, Ngayogya

Obral

Bakul ès : "Ayo, ayo mas obral! Ès saksèn kêna ngombe sagêlême."

Simin : "Aku tuku sasèn!" "Manèh!"

Bakul ès : "Êndi dhuwite?"

Simin : "Lho, jare mau kêna ngombe sagêlême!"

Bakul ès : "Pancèn iya kêna ngombe sagêlême, kêna diombe karo ngadêg, karo linggih, karo njêngking iya kêna, sagêlême!"

Soekarni, Tulung Agung.

Syuhada : "Sin mau bêngi ing omahku mêntas rame-rame!"

Muchasin : "Geneya aku kok ora koulêmi?"

Syuhada : "Lha, wong rame-ramene ibu karo bapak padha tukaran."

Im. Sj. O., Purbolinggo

TAMBANE BOCAH NAKAL

Ana bocah jênênge Sarija. Sarija iku nakal bangêt. Ibune wis kêrêp bangêt nyrêngêni, supaya mari olèhe nakal, nanging ora tau dirèwès. Sawijining dina Sarija kêtêmu kancane aran Sidin. Sarija calathu: "Din, ayo padha mbeda si Siman, sing picak kae, mêsthi lucu bangêt."

Wangsulane si Sidin. "Kowe njuguga kaya asu, lan aku sing njêrit yèn ana asu arêp nyokot sikil. Mêsthi lucune, mêngko dhèwèke mlayu mrana-mrene."

Bocah loro njondhil-njondhil nyêdhaki Siman. Sawise cêdhak, Sidin njêrit:

Man, Man ana asu edan ngoyak kowe, ngati-ati, sikilmu, sikilmu, mêngko dicakot.

Huk, huk huuuk! panjêgoge asu mau ana saburine Siman.

Siman kagèt bangêt, têkêne digêbugake nyang buri sakuwate ngênani asu mau. Sarija njêrit njaluk tulung, sabab lara bangêt. Wong sakampung mêtu kabèh, arêp nulungi sing kêcilakan. Irunge Sarija mêtu gêtihe cur-curan, sabab digêbug karo si Siman. Pancène wong-wong mau arêp nêsu karo Siman. Nanging barêng dikandhani ing bab mau-maune, wong-wong mau banjur ngguyu cêkakakan karo kandha: "La, saiki rasakna iki tambane kênakalanmu.

Wiwit dina iku bocah loro mau ora tau mbeda wong picak manèh lan mari nakale.

Sanjoto, Gondangdia.

ANA GULA ANA SÊMUT

Ing desa Sigadhung kang dununge ora adoh saka ing kutha Karangmungil, ana wong misuwur karan Kyai Sênthot, Sênthot iku jênêng paraban nalika dhèwèke isih cilik: jênênge tuwa yaiku Suryawikarta.

Nalika Sênthot umur 11 taun, duwe kanca akèh bangêt. Si Sênthot iku anake wong sugih abandha-abandhu lan dhêmên têtulung marang sadhengah wong kang padha kêcingkrangan.

Watake Sênthot uga mêngkono, mulane si Sênthot duwe kanca akèh kaya kang kapratelakake ing dhuwur mau. Nanging kancane si Sênthot kabèh padha lêlamisan jalaran olèhe kêkancan mau ora karo si Sênthot, nyatane kêkancan karo bandhane si Sênthot.

Dasar atine si Sênthot bêcik, mulane ing sakawit dhèwèke ora ngêrti apa-apa. Lawasing lawas bapakne Sênthot tiba ing kêmlaratan. Kang maune sandhangane Sênthot sarwa apik, ing saiki trima gombal-gombalan sarta rêgêd. Kancane si Sênthot ora gêlêm dolan karo Sênthot kaya dhèk biyèn. O mêsakake! Si Sênthot ditinggal ijèn.

Anuju sawijining dina si Sênthot lunga arêp buruh macul. Dumadakan kêpêthuk kancane lawas. Sapira kagète si Sênthot barêng sumurup kancane lawas nyimpang mêtu dalan liya, aja manèh takon, ndêlok bae ora sudi. Ora antara suwe si Sênthot entuk pagawean. Sanajan pagawean mau rêkasa lan dhèwèke ora kulina babar pisan, ewadene dilakoni. Dilalah kêrsaning Allah nalika Sênthot nyêblokake pacule, nanggor barang atos. Barêng dikêdhuk, ana mas lan intêne adhêdhemblengan. Olèhe ngêdhuk dirosani. Barêng dirogoh, ana barliyan pirang-pirang, iku nuli diwadhahi, watara olèh 1½ karung luwih. Ing sauwise mau enggal digawa mulih lan salong diwènèhake kang duwe palêmahan, ndadèkake jalaraning kasugihane. Wartane si Sênthot ngambar kaya gandane kêmbang mêlathi kang mêkrok ing wayah esuk. Sangajale bapakne Sênthot, uripe Sênthot iya isih kêpenak. Dupèh sugih dhèwèke ora banjur lumuh ing gawe, malah wêkêl sarta prigêl. Wêkasan jalaran saka ngati-ati, turun-turune Kyai Sênthot karoban ing sandhang pangan lan karaarjan.

Poedjooetomo, Purwokêrto.

--- 147 ---

KRAMEAN BOCAH SÊKOLAH

[Grafik]

Para mitra padha nêpungake karo aku, jênêngku Sukirno ing Kaliwira. Dhèk Sêtu buri aku êntas tampa layang wangsulan saka bu Mar, lan ndadèkake bungahing atiku, dene aku diparêngake milu urun-urun ngaturi karangan kanggo imbuh-imbuh wacan ana ing Taman-Bocah kene. Dene kang arêp dakaturake yaiku karangan lêlakonku dhewe sakanca nalikane padha disênêng-sênêngake dening pak Guru.

Dina Jumuah Paing tanggal 16 Juli 1937, aku kabèh wis ora padha mikir piwulang, mung ribut olèhe padha ngreka-reka tobongan lan sêkolahan, jalaran dina malêm Sêtu Pon wis ana rame-rame, yaiku toneel bocah-bocah, lakone "Pasêmone bocah sêkolah kang padha kêsèd, marga ora olèh mlêbu dening wong tuwine,tuwane. disêlani pêthilan "Damarwulan," nganti Menakjinggo mati dening jimat wêsi-kuning. Wah, lakon toneel iki mathuk bangêt kanggo ana ing Kaliwira, jalaran panggonanku pancèn lumrah bangêt bocah sêkolah iku padha ora olèh karo sing tuwa, marga sanadyan isih cilik, cara ing desa ya wis dikon ngrewangi nyambutgawe wong tuwane.

Barêng dinane Sêtu Pon jam 7 esuk aku kabèh wis padha kumpul ana ing pamulangan, para guru ya wis padha rawuh. Aku diparingi bêndera siji-siji, gaweyane dhewe-dhewe. Kira-kira jam 8 tontonan kang bakal kanggo arak-arakan wis padha têka, yaiku: jaran kepang, bangunan, angguk utawa pêksi mui. Wah ramene ora karu-karuan, sênêngku ya dudu-dudu. Sanalika iku ing Kaliwira katon rame bangêt, wong nonton jêjêl uyêl-uyêlan nganti kaya kramean Pikramèndalêm Rajaputri Juliana. Barêng jam 9 wiwit arak-arakan rame bangêt, bocah iya akèh bangêt, barisane mapat-mapat nganti ngalur-alur.

Wiwitane arak-arakan mlaku mênyang plataran Kawêdanan. Ana ing kono ditampa dening bêndara Wêdono sakalihan kanthi karênaning panggalih. Pak Mantri Guru banjur matur ngaturi sugêng lan nyuwun pangèstu, supaya anggone nganakake rame-rame iku anaa wohe, yaiku bisaa pamulangan Kaliwira mundhak maju. Barêng wis rampung, arak-arakan nuli wiwit mlaku ngubêngi kutha Kaliwira. Wah nalika samono sêsake ora jamak, saya manèh jaran kepange bola-bali padha mêndêm, dadi sadalan-dalan atiku dhêg-dhêgan lan tumratab jalaran wêdi kêtunjang lan dicaplok barongane. Jam 12 awan aku kabèh padha diparingi mangan ana ing pamulangan. Sarampunge nuli kaparêng mulih. Sorene jam 5 kudu kumpul manèh, pêrlune diparingi mangan lan têrus nata ana ing tobongan, jalaran bêngi malême Minggu ana tontonan wayang wong, sumbangan saka pakumpulan "Manunggil Karsa," lakone "Suksma ndhadhari." Wah! Saka rumasaku wayange padha apik-apik, jogède ya luwês-luwês, nganti aku ora bisa nacad, jalaran aku dhewe ora bisa.

Dene dhagêlane Garèng Petruk pancèn aksi bangêt, anggêr mêtu ya mêsthi panèn guyu lan panèn sawat: dhuwit, rokok, jêruk, lêmpêr, malah ana kang nyawat êndhog barang, saking lucune.

Jam 2.30 bubaran.

Soekirno, Kaliwira

MULANE TÊRWÈLU BUNTUTE CÊNDHAK

Dhèk jaman kuna têrwèlu iku buntute cêndhak.dawa. Ing sawijining dina ana têrwèlu mlaku-mlaku mênyang alas. Ana ing dalan dhèwèke kêtêmu karo asu kang lagi nggondhol iwak gêdhe. Ing wêktu iku têrwèlu doyanane iwak. Sawise padha bage-binage têrwèlu takon: Anggonmu entuk iwak kuwi ana ngêndi ta, Asu?"

Wangsulane asu: "Ana ing kali. Têrwèlu takon manèh. Asu mangsuli: Gampang bangêt. Mêngko yèn wis bêngi kowe lungaa mênyang kali. Buntutmu cêmplungna ing banyu, yèn wis esuk tarikên buntutmu, kowe mêsthi bakal olèh iwak akèh."

Têrwèlu lan asu mau banjur padha pêpisahan. Bêngine têrwèlu lunga mancing. Sarèhne ing bêngi iku hawane adhêm bangêt dhèwèke nggawa whisky, banjur lungguh ana ing oyod uwit kang cêdhak bangêt karo banyu. Buntute diklèwèrake ana ing banyu. Têrwèlu mau lungguh ana ing kono karo ngombe whisky, nuli turu. Barêng wis esuk dhèwèke tangi, buntute ditarik. Rasane lara bangêt, sabab buntute buntung, kari ana ing banyu, sing wis dadi ès.

Mulane têrwèlu-têrwèlu iku nganti saiki buntute cêndhak.

Sanjoto, Gondangdia

KI SATU LAN KI DUA

(Candhake)

Ing kêdhaton ramene tanpa upama nalika dhaupe Sang Putri. Sumbangan têka saka sakabèhing panggonan, kaya ta: bêras, pitik, wowohan, dhuwit, sandhangan lan liya-liyane. [liya-li...]

--- [148] ---

[...yane.]

Barêng karameyane wis bubar, Ki Satu matur Sang Ratu: "Kitha Rum punika kagunganipun sintên?"

Sang Ratu mangsuli: "Biyèn duwèkku, nanging saiki dadi duwèkmu kabèh."

Kawula sampun ngêrtos wiwit rumiyin, Gusti. Salêrêsipun kitha punika rumiyin inggih gadhahan kawula. Tandhanipun kawula sagêd ngaturakên, awit kathah yatra lan rajabrana gadhahan kawula ing kitha ngriki.

Sang Ratu gumun bangêt, barêng mirêng calathune Ki Satu kang mangkono mau sarta ketok manawa panjênêngane kurang pitados. Nanging Ki Satu banjur matur: "Gusti, manawi panjênêngan botên pitados, mangga mbenjing-enjing kawula aturi nitipriksa."

Esuke Ki Satu mbêlèh asu irêng lan sauwise dhèwèke banjur wêruh panggonane pasimpênan kabèh rajabrana, kaya kang wis dikandhakake dening wong bajang. Kabèh mau dijupuk, banjur diaturake priksa marang Sang Ratu, kang saya gumun sarta luwih ering marang putrane mantu tinimbang maune. Kabèh barang kang sarwa endah lan kang kasimpên ana ing gapuraning kutha Rum, kaya ta meja, kursi, bênèt, mas, salaka, barliyan, intên, panganggo sarwa sutra, tabuhan, gonge bae luwih saka sêpuluh, gêgaman, padha diusungi mênyang kêdhaton.

Anuju sawijining dina Sang Ratu anyar pinuju tindak-tindak karo garwane ana ing pêtamanan pêrlu apèk kêmbang. Saka pêtamanan Sang Ratu sagêd priksa ing dalan gêdhe. Ing kono dumadakan priksa Ki Dua mikul kayu.

Sang Ratu nimbali salah sawijine kawulane lan andangu: "Apa kowe wêruh wong sing mikul kayu kae? Sapa arane lan saka ngêndi asline?"

Abdidalêm matur: "Gusti, tiyang punika namanipun Ki Dua, piyambakipun tukang sade kajêng minangka panggêsanganipun."

Sang Ratu nuli dhawuh nimbali Ki Dua kadhawuhan anggawa mênyang kêdhaton sarta kadhawuhan maringi panganan kang enak-enak. Barêng Ki Dua wis tutug anggone mangan, Sang Ratu nuli andangu: "Kowe saka ngêndi lan sapa jênêngmu?"

Ki Dua nyêmbah lan matur: "Gusti, nama kawula Ki Dua asli saking dhusun Nusantara; dhatêng kawula ing kitha Rum ngriki pêrlu badhe sinau ngaos. Ananging ing sarèhning kawula sampun katêlasan sangu, kapêksa pados kajêng, kasade, dene artanipun kangge tumbas sêkul. Makatên padamêlan kawula ing sabên dintênipun, Gusti. Manawi botên makatên, inggih lajêng botên sagêd nêdha."

Sang Ratu nuli dhawuh marang patihe mangkene: "Wong iku wènèhana omah, lan apa kabutuhane. Dene yèn dhèwèke arêp rabi, golèkna wong wadon kang ayu rupane, kang bêcik atine lan sing sakirane bakal sêtya marang bojone. Lan sabên sasi Ki Dua wènèhana dhuwit têlung atus ringgit."

Wah bungahe Ki Dua tanpa upama. Entuk bojo ayu rupane, duwe batur akèh lan sabên dinane sugih dhayoh, kang tansah agawe sênênging atine. Barêng kira-kira sasasi suwene anggone urip mulya mangkono, banjur thukul gagasane mangkene: "Aku kok ora ngêrti, apa sababe ta, têka Sang Ratu angganjar nganti samono." Dhèwèke kêpengin bangêt wêruh sababe lan nêdya matur marang Sang Ratu.

Ki Dua banjur sowan Sang Ratu nuli matur: "Kaparêng matur, Gusti, punapaa panjênêngan muktèkakên sangêt dhatêng kawula. Punapa sababipun, rintên dalu tansah kawula manah-manah, awit kawula botên rumaos nglampahi kasaenan tumrap panjênêngan."

Sang Ratu mèsêm, banjur ngêndika: "Ora susah kopikir, iku pancèn wis dadi bageyanmu, aku pancèn sok mêlasi wong manca."

Ki Dua nuli mulih, nanging mêksa durung lêga krungu wangsulane Sang Ratu. Sabên dina dhèwèke sowan, sarta mêsthi matur apa sêbabe. Sawise rambah kaping wolu anggone sowan lan matur apa sababe, Sang Ratu banjur ngêndika: "Ya wis ta Ki Dua, yèn adrêng anggonmu kêpengin wêruh, aku iki Ki Satu, kang mripatku kocukil lan kang kouncalake ing sumur."

Ki Dua rumasa isin bangêt, banjur ndhingkluk. Sang Ratu mbanjurake pangandikane: "Ing sumur aku kêtêmu wong bajang, sawise aku banjur bisa wêruh manèh, banjur dadi Ratu, sarta sugih bangêt."

Ki Dua sangsaya andhingklukake sirahe saking susah lan isine; ora antara suwe banjur nyuwun pamit mulih. Satêkane ing omah, rina wêngi tansah ngeling-eling pangandikane Sang Ratu, wêkasane panas atine lan thukul panggagase mangkene: "Ingatase wong picak bisa wêruh manèh lan bisa sugih kaya ngono, apa manèh aku, sathithik-thithike rak kudu padha sugihe karo dhèwèke."

Ki Dua saiki ora mêrduli omahe lan barang darbèke, ora ngopèni bojone lan kanca-kancane, banjur lunga saka nêgara Rum, sabanjure nyêmplung ing sumur, kang biyèn dicêmplungi Ki Satu. Lagi bae têkan ing dhasaring sumur, nuli wêruh guwa panggonane wong bajang karo sing wadon. Dhèwèke banjur nyêdhaki lan ngrungokake rêmbugane wong bajang karo bojone. Bojone calathu mangkene: "Dêlêngên, lagi anu kae mêsthi ana manungsa têka mrene, kang andhêlik ing kene ngrungokake rêmbugmu lan rêmbugku. Barang-barang ing kene lan tamba-tamba êntèk kabèh dijupuk. Mulane saiki kowe kudu ngati-ati. Saiki aku mambu gandaning manungsa, tênan kae ana siji."

Ki Dua nuli diparani dening wong bajang lanang wadon, dikrubut, diêngkuk-êngkuk sarosane nganti mati.

Ki Satu sabanjure sênêng uripe, mukti wibawa sabab saka nrima lan adile.

Dhasar nyata, sing sapa gawe ala ing liyan, wêkasane nêmu cilaka dhewe.

Cuthêl.

--- [1201] ---

Ôngka 76, Rê Kli 17 Rêjêp Ehe 1868, 22 Sèptèmbêr 1937, Taun XII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

Babad Giyanti

Miturut babon ingkang sumimpên ing Kon. Bat. Gen.v.K.en W.

Sarisakipun karaton Kartasura ingkang jumênêng nata Sinuhun Pakubuwana II lajêng yasa karaton enggal ing dhusun Sala. Nagari kasantunan nama Surakarta Adiningrat. Sang nata dèrèng dangu anggènipun ngadhaton ing Surakarta lajêng pasulayan kalihan ingkang rayi Pangeran Mangkubumi. Wusana anjalari pêrang ngantos pintên-pintên taun, inggih punika pêrangipun wadyabala Surakarta kabiyantu prajurit Kumpêni mêngsah kalihan para prajurit ingkang sami ngrencangi Pangeran Mangkubumi. Pêrangipun gêntos unggul lan gêntos kalindhih, sarta kanthi ngolah-ngalih panggenan. Dangu botên wontên ingkang mênang tuwin ngawon, pungkasanipun ingkang sami mêmêngsahan lajêng bêdhamèn. Miturut bêdhamèn wau nagari kapalih dados kalih bagean. Ingkang sabagean inggih punika nagari Surakarta dados kagunganipun nata ing Surakarta Sinuhun Pakubuwana III, ingkang anggêntosi ingkang rama nalika taksih wontên pêrang, amargi ingkang rama Sinuhun Pakubuwana II seda nalika taksih wontên pêrang wau. Dene ingkang sabagean malih inggih punika nagari Ngayogyakarta dados kagunganipun Pangeran Mangkubumi ingkang lajêng madêg nata jêjuluk Sultan Hamêngkubuwana.

Sanajan botên kapratelakakên, para maos têmtunipun sampun sami priksa, bilih babad Surakarta ingkang katêlah dipun wastani Babad Giyanti punika pantês sarta inggih sampun samêsthinipun dados waosanipun tiyang Jawi. Botên namung tiyang Jawi ing nagari Surakarta lan ing Ngayogyakarta kemawon, nanging para tiyang Jawi ing laladan sanès-sanèsipun inggih prêlu maos babad wau. Awit punika atêgês kangge nyumêrêpi lan ngèngêt-èngêt babading tanahipun piyambak lan atêgês kangge nyumêrêpi lêlampahanipun para lêluhur Jawi ingkang sami tumut andon yuda nglabêti sinuhun ing Surakarta utawi Pangeran Mangkubumi kasêbut ing nginggil wau. Amargi pêpêrangan ingkang kacariyosakên ing babad Giyanti punika jêmbar têbanipun, botên namung ing salêbêtipun laladan nagari Surakarta lan Ngayogyakarta kemawon, nanging ngloncok dumugi laladan sakiwatêngênipun nagari kalih wau, sarta ingkang sami tumut andon jurit ugi botên ngêmungakên tiyang ing nagari Surakarta lan Ngayogyakarta kemawon.

Kajawi punika, babad Giyanti punika ugi andongèngi, liripun nyariyosakên pêpêrangan, lêlampahan, lan kawontênan warni-warni, ingkang pantês dipun waos kangge nyênêngakên manah. Jalaran ingkang andhapuk pujôngga agêng ingkang sampun misuwur, inggih punika suwargi Tumênggung Yasadipura, ing Surakarta. Basa tuwin othak-athiking cariyos runtut lan sarwa nêngsêmakên.

Babad Giyanti ingkang kawêdalakên dhatêng Bale Pustaka punika ngantos satamatipun, sarta murih ènthèngipun ingkang sami mundhut, kawêdalakên dados pintên-pintên jilid. Samangke sampun kenging wêling ingkang jilid: 1 -7, a f 0.50.

--- [1185] ---

Ôngka 76, Rê Kli, 1617. Rêjêb Ehe 1868, 22 Sèptèmbêr 1937, Taun XII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining Kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Mêsjid Jumna - Ajar Pêrang-pêrangan wontên ing Sagantên - Candhi Barabudhur - Kawontênan ing Tiongkok - Bab Masakan - Bikakan Padamêlan ing Koninklijke Marine - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

MasjêdiMasjid. Jumna

[Grafik]

Untabipun têtiyang ewon nalika badhe sêmbahyang Jumuwahan wontên ing Masjid Jumna ing Delhi, nagari Hindhu.

--- 1186 ---

Ajar Pêrang-pêrangan wontên ing Sagantên

Sambêtipun Kajawèn nomêr 75.

Nyanjata mêngsah ingkang têbihipun 16 km.

Ing tanggal kaping 3 Sèptèmbêr, Kangjeng Tuwan Ingkang Wicaksana kaparêng badhe nguningani kasagêdan tuwin kaprigêlanipun kapal pêrang Sumatra.

Kapal pêrang Sumatra ingkang dalunipun labuh wontên ing sunglon Ratai, enjingipun bidhal malih ngênêr dhatêng panggenan ingkang sampun dipun têtêpakên dening komandhan Eskandêr. Kintên-kintên wanci jam 6 sampun dumugi panggenan ingkang sampun dipun tamtokakên wau, saha ing ngriku sampun wontên kapal pêrang sanès-sanèsipun ing golonganing Eskandêr punika, inggih punika kapal pêrang De Ruyter, kapal torpedho pambujêng tiga tuwin kapal silêm sakawan.

Kintên-kintên wanci jam pitu, kapal sadaya wau sampun jèjèr-jèjèr dados kalih larik, badhe mapag rawuh dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana ingkang badhe rawuh nitih kapal Rigel ingkang bidhal saking Tanjungpriuk.

Kapal-kapal pêrang ingkang wontên ing ngriku lajêng nata barisan, kapal Sumatra dados sathèrèk kalihan kapal silêm sakawan, sathèrèk malih kapal De Ruyter sambêt kalihan kapal torpedho. Ing sêla-sêlaning barisan kapal wau kangge langkung kapal Rigel. Sadaya prajurit ing kapal sampun sami baris, mangangge pêthak, papanipun baris wontên ing nginggil ngajêngakên panggenan ingkang badhe kangge langkung kapal Rigel.

Nalika kapal Rigel mèh dumugi sangajênging kapal Sumatra, mriyêming kapal Sumatra tuwin De Ruyter sami kaungêlakên minôngka urmat rawuh dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana. Satunggal-satunggaling kapal ngungêlakên kalih dasa rambahan, sabên mungêl suwaranipun gumlêgêr rampak. Ing kala punika kapal Rigel sampun dumugi sangajênging kapal Sumatra tuwin De Ruyter, para prajurit lautan surak sêsarêngan ambata rêbah tigang rambahan kalihan anglawèk-nglawèkakên topinipun. Sasampunipun punika tinampèn ing musik lagu Wilhelmus saking kapal De Ruyter.

Lampahing kapal Rigel sadumugining wêkasan barisan kapal wau, kapal Sumatra tuwin kapal De Ruyler lajêng mingêr nusul lampahing kapal Rigel, dene kapal sanès-sanèsipun lajêng sami lumampah piyambak-piyambak anindakakên punapa wajibipun.

Sasampunipun makatên Commandant Zeemacht, inggih punika pangagênging wadya lautan mandhap saking kapal De Ruyter dhatêng kapal Sumatra, salajêngipun kapal Sumatra ngandhapakên sêkoci mapag Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana sapandhèrèkipun.

Tindak makatên wau dangunipun ngantos kalih jam, kintên-kintên wanci jam sanga Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana sakalihan, putri dalêm tuwin tamu satunggal, dipun dhèrèkakên ajidan dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana punapadene upsiring kapal Sumatra ingkang kapiji mêthuk minggah dhatêng Sumatra. Sadumugining kapal dipun papag ing Commadant Zeemacht tuwin Commandant Eskader.

--- 1187 ---

Sasampunipun ngandikan sawatawis dangu tuwin mratelakakên ing bab-bab ingkang gêgayutan kalihan prêlu punika, upaminipun bab ngisèni mriyêm agêng-agêng, para tamu lajêng dipun dhèrèkakên minggah ing brug panggenaning komandhan kapal. Saking ngriku minggah dhatêng panggenan malih brug alit, ingkang langkung inggil, kaprênah sawingkinging tiyang agêng sangandhap seindek. Ing ngriku sami sagêd mariksani anggèning kapal Sumatra badhe nglêpasi mêngsah ingkang têbihipun 16 km. Ing ngriku tumrap para tamu sami nutup talingan mawi tutup ingkang sampun dipun sadhiyakakên, awit kapal Sumatra badhe nglêpasakên mriyêm ngantos 16 km. têbihipun, sampun tamtu isinipun langkung kathah, ngungkuli ingkang sampun-sampun, amargi nêmpuh mêngsah ing wanci siyang punika langkung têbih, beda nêmpuh ing wanci dalu, sagêd cakêt, mila prêlu ngangge mriyêm ingkang langkung kiyat.

Botên dangu kapal Zuiderkruis katingal anggèrèt lesan, katingalipun namung lamat-lamat kemawon. Ing ngriku ujug-ujug lajêng kêmirêngan panjêbluging mriyêm ingkang anggêgirisi, samukawis ingkang dipun cêpêng ing tangan sami gêtêr. Miturut katrangan, lesan wau têbihipun 15 km, mriyêm ingkang dipun lèsakên sami ngèngingi lesan sadaya, kajawi namung ingkang kapisan pinanggih langkung (langkah). Salajêngipun kapal Sumatra nglajêngakên lampah rikat, dene lesan têrus dipun gèrèt ing kapal Zuiderkruis, sabên mênit mriyêm têrus dipun lesakên dhatêng lesan ingkang tansah ebah. Ewasamantên tansah angèngingi, kintên-kintên salêbêtipun 12 mênit anglêpasi kaping 15 saking kapal Sumatra. Sarampunging damêl, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana maringi wilujêng dhatêng ingkang sami tumindak ing damêl.

[Iklan]

Kintên-kintên jam kalih wêlas, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana mriksani kapal torpedho Witte de With, dalunipun wangsul dhatêng kapal Sumatra malih, badhe mriksani anggèning nglêpasakên mriyêm kapal Sumatra ing wanci dalu. Kintên-kintên jam 10 dalu Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana pindhah dhatêng kapal Rigel malih, bidhal dhatêng Mêrak, dipun dhèrèkakên kapal De Ruyter, enjingipun labuh wontên Mêrak.

Salajêngipun kapal-kapal sadaya wau, sami bibaran.

--- [1188] ---

[Grafik]

Gambar sisih kiwa: mriyêm-mriyêm ingkang kangge nanggulangi panêmpuhing mêngsah saking gêgana.

Ngandhap: Nalika Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana minggah ing kapal "Sumatra" kapapag dening pangagênging wadya lautan Schout-bij-nacht Ferwerda (sisih têngên piyambak) punapadene Commandant Eskader.

Gambar bundêr: Granat-granat kawêdalakên saking gudhang ing nglêbêt kapal kabêkta dhatêng jarambahing kapal. Ngandhap kiwa: anata jarambah badhe kangge papaning campuh.

Ngandhap: Sasampunipun anglêpasakên mimis nuntên kapal wau kalampahakên rikat sangêt, kapal wau mèh botên katingal jalaran anggèning ngêdalakên kukus sakalangkung kandêl.

--- [1189] ---

[Iklan]

--- 1190 ---

Kawruh Sawatawis

Candhi Barabudhur

Sambêtipun Kajawèn nomêr 75

Sarjana: pancèn kasinggihan adhi, katranganipun sang minulya Subadra Biksu, panjang sangêt bab wau punika, saking têmbung nirwana wau asring damêl kalèntuning panampinipun tiyang kathah.

Sujana: mirid pangandikanipun ki raka wau,

[Grafik]

Talundhag ôngka I ing Barabudhur, mawi rêca Dyani Buda.

golongan Mahayana sami manêmbah punapa mêmuji dhatêng dewa utawi Buda sanès-sanèsipun, punika sintên ingkang dados sêsêmbahanipun.

Sarjana: tumrapipun ing tanah Jawi ngriki jaman samantên (kabudan) kula dèrèng sagêd angsal sêsêrêpan ingkang sah adhi, namung saking pangintên kula piyambak, manawi botên kalèntu, inggih dhatêng salah satunggiling Dyani Buda, ingkang rêcanipun pinanggih wontên ing candhi Barabudhur ngriku utawi ing Mêndut. Anggèn kula sagêd angintên-intên makatên, punika pêpiridan saking ingkang sami katindakakên golongan Mahayana Buda ing nagari Tiongkok, sami amêmêtri saha mêmuji angaji-aji dhatêng rêcanipun Dyani Buda ingkang sinêbut Amitaba, cara Tionghwanipun dipun wastani Umitohud. Manawi botên dhatêng rêca Dyani Buda Amitaba punika, inggih sojah dhatêng rêcanipun Bathari Kwan Yin utawi Kwan Im. Manut piandêlipun, punika dewa èstri ingkang angadhaton ing sagantên kidul, sajakipun sami kalihan piandêl Jawi dhatêng Kangjêng Ratu Kidul punapa Nyai Rara Kidul, sairib kados piandêl Indhu dhatêng Bathari Durga, ingkang rêcanipun wontên ing Prambanan, limrahipun bôngsa kula Jawi sami mastani Bok Rara Jonggrang. Rêca Amitaba Buda utawi rêcanipun Bathari Kwan Yin (Kwan Im) punika salah satunggalipun sagêd pinanggih wontên ing klênthèng-klênthèng nagari Tiongkok utawi ing tanah Jawi ngriki.

Sujana: e, sawêg mangrêtos punika kula, dados klênthèng-klênthèng punika sanès masjidipun para golongan ingkang ngrasuk agami Gonghucu, ki raka.

Sarjana: sanès adhi, klênthèng-klênthèng punika masjidipun bôngsa Tyonghwa, ingkang sami ngrasuk agami Mahayana Buda.

Sujana: Dyani Buda ingkang wontên ing Barabudhur

--- 1191 ---

punika pintên cacahipun, wontên pintên warni kawontênaning wujudipun, tuwin kadospundi têgêsipun.

[Iklan]

Sarjana: cacahipun rêca-rêca Dyani Buda ing Barabudhur punika watawis wontên kiwa têngênipun 505 iji, dene samangke kawontênanipun kantun nêm warni (botên nêm iji), amargi ingkang wontên ing dhênggunging stupa (dhagobah utawi plênthu) ing nginggil piyambak (têngah utawi pucaking candhi) sampun botên wontên, kilap sumimpênipun lajêng wontên pundi. Badhe kasambêtan.

Tr. S.

Wara-wara

Ngaturi uninga dhatêng sanggyaning para prayantun lêngganan, bilih sawatawis dintên êngkas, administrasi badhe ngintunakên bêlangko pos wisêl, dhatêng para prayantun ingkang babarpisan dèrèng kagungan pambayaran tumrap kuwartal 4 ing ngajêng punika.

Saking pangajêng-ajêngipun administrasi, mugi para ingkang nampi kintunan wau, lajêng kêparêng anggalih ing saprêlunipun, amurih sampun kacuwan ing panggalih, dene botên dipun sowani Kajawèn.

--- 1192 ---

Kawontênan ing Tiongkok

Sarêng pasulayanipun Tiongkok tuwin Jêpan pinanggih babag, lajêng nuwuhakên panggagas, amastani bilih Tiongkok sampun kathah ajêngipun ing babagan paprangan. Manawi tumrapipun Jêpan makatên pancèn sampun dangu majêngipun.

[Grafik]

Jendral Katsoeki (sisih têngên) panuntuning wadya Jêpan ing Tiongkok ingkang luhur, nuju mriksani kar gambaring lampahipun mêngsah.

Mirid pamawas tumrap Jêpan kala ing taun 1905 nalika Jêpan pêrang kalihan Ruslan, wadyanipun dharatan, angsal pangalêmbana saking pundi-pundi, malah kêwical golongan linangkung. Nanging ugi wontên ewahing panganggêp, unggulipun Jêpan kala samantên, dipun wastani dèrèng babag kalihan mêngsahipun, inggih punika Ruslan, amargi Ruslan punika sanadyan kiyat nanging taksih kirang pratikêl, tuwin kathah ingkang kuciwa dêdamêlipun, mila sagêd kêtlêku ing jurit.

Nanging pinanggihipun wontên ing wêkdal punika, Jêpan botên kapetang sangêt linangkungipun, malah wontên ingkang mastani bilih wadyanipun mriyêman tuwin wadyanipun anggêgana, kenging dipun wastani taksih nguciwani. Môngka tumrapipun Jêpan ing sapunika, anggèning pêpêrangan punika nglurug, sampun tamtu kêkiyatanipun kêdah sarwa langkung. Dados saupami botên kiyat yêktos, tamtu badhe rêkaos anggèning mêmêngsahan kalihan Tiongkok. Môngka ing wêkdal punika tumrap Jêpan piyambak sawêg kataman ing sabab ing bab awoning tata panggêsangan. Sadaya wau namung sarwa dados sandhungan ingatasing paprangan ingkang kados makatên kawontênanipun.

Tumrapipun Tiongkok, nagari ingkang dipun wastani santosa saha ingkang dipun melikakên ing mêngsah, punika ing Nanking. Môngka tumrapipun Jêpan, panêmpuhipun taksih têbih sangêt sagêdipun dumugi ing ngriku. Wah malih Jêpan ugi nyamarakên dhatêng Ruslan ingkang katingalipun badhe cathok gawèl, punapadene Inggris tuwin Amerikah tansah pasang kaprayitnan wontên ing sagantên jinêm. Manawi ngèngêti kawontênan ingkang kados makatên punika, lajêng katingal bilih sêsanggènipun Jêpan botên ènthèng.

Rêrigênipun Jêpan anggènipun ngangsêgakên wadya tumrap ing sisih Lèr dipun sangkani saking Jeol,

--- [1193] ---

kanthi wadya Mansukuo kirang langkung sadhepisi, inggih punika 80.000. Lampahing wadya wau kaênêrakên dhatêng Peiping tuwin Tinsin, prêlu badhe nguwaosi laladan margi-margi sêpur ingkang tumrapipun Tiongkok langkung wigatos. Margi-margi sêpur wau gêgayutan Peiping tuwin Tinsin, punapadene Nanking kalihan Hanko.

[Iklan]

Wontênipun Jêpan saya ngangsêg amêrangi Tiongkok, mênggahing wosipun botên sanès saking rumaos sampun ngrêbda têtiyangipun, saha papan ingkang sampun dipun rêgêm, pinanggih sarwa mikantuki, gampil kangge ngêlar jajahanipun. Saha inggih sampun kêlampahan, punapa tindakipun sagêd kasêmbadan. Nanging dangu-dangu, Tiongkok inggih lajêng kêtingal gumregah yêktos, saha tandangipun ing sapunika katingal tandanging tiyang sampun diwasa, mila pinanggihing paprangan sakalangkung rame.

Pinanggihipun wontên ing wawasan, pusêring praja Tiongkok, inggih punika ing Nanking, katingal dipun incih sangêt dening Jêpan, nanging Jêpan anggènipun pados margi namung sarwa pakèwêd, amargi ing pundi-pundi namung kêprêgok barisan santosa. Nanging Jêpan inggih botên kirang rekadaya anggèning nyawang-nyawang murih sagêd kasêmbadan sêdyanipun. Ingkang makatên punika saèstunipun inggih damêl ribêdipun Tiongkok, mila Tiongkok tansah masang kaprayitnan, namung ngêtut solahipun Jêpan, tuwin sagêd ngeguhakên kêndho kêncênging baris ingkang kangge nanggulangi Jêpan.

Mirid kawontênan ingkang kados makatên punika dèrèng sagêd amastani asor unggulipun ingkang sami campuh.

--- [1194] ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

II Bab Masakan

Garèng : tak pikir-pikir omonganamu kuwi mindho gawèni, Truk. Kenene wis dikon tuku bukune: jrèng, lo, kuwi nèk ing buku kono wis cêtha gawene jangan lodhèh terong upamane, uyahe samene, lomboke samono, santêne sêkotho, teronge kudu sêmene plontho, kenene pancène rak mung kudu sadhiya apa sing disêbutake ana ing rêsèp mau, banjur cêmplang-cêmplung, cêmplang-cêmplung lan ulat-ulêt, iki lagune irusing kanggo ngudhêg. Banjur sauwise matêng, kene bisa muni, wadhuh, gandême, hla, kiyi rêsèp masakan sing pêngpêngan. Iya mêngkono kuwi mêsthine. Hla nèk ukurane masakan wis cêtha, kenene sêmang nganggo nimbang manèh, wah, kurang asin, kudu ditambahi uyah, wah, kurang pêdhês, kudu ditambahi lombok, wah, kurang sêdhêp, kudu dicêmplungi tempe bosok samene, wah, kurang ambêlagêd, kudu ditambahi santên, hla, prasaksat dikon ngolah manèhane. Mara apa ora mindho gawèni kuwi arane.

Petruk : nèk sing gawe rêsèp, karêpe iya wis diêpêng têmênan, kang Garèng, ukurane olah-olahan, iya wis diêpas, nganti tumrap ilate rasa nyamlêng bangêt, dene wong liya, kêpengin tumuli laki, nèk olah-olah digawe kasinên, wong liya manèh, kuwatir nèk diarani kêpengin laki, nèk olah-olah banjur sênêng sing cêmplang, lo, kuwi dudu salahe sing gawe rêsèp, kang Garèng. Jalaran saka iku, mulane iya kudu duwe timbangan dhewe, wah, nèk kaya ngene iki kanggone aku durung pati mathuk, mulane santêne tak imbuhane samene, uyahe samene, trasine samene, lan saya gandêm manèh, yèn tak cêmplungi sasendhok gêdhe bae...mêrtegane.

Garèng : wèyèh, ana jangan lodhèh terong bae kathik nganggo mêrtega barang. Ora, Truk, aku ora nêdya mada utawa nacad, nanging aku arêp takon nyang kowe, mungguh karêpe wong tuku buku olah-olah, kuwi gèk kanggo apa. Sabab sabên uwong kuwi rak mêsthi bisa olah-olah, sanadyan bisane mung gawe jangan lombok, sambêl bawang, lan pelas katul, dene kok iya wis lêmu. Hla nèk duwe buku olah-olah kuwi, pungkasane rak banjur mung arêp ngajak royal bae. Sabab jalaran saka macani rêsèp-rêsèp mau, banjur tuwuh pikirane warna-warna, kaya ta: wah, kaya apa rasane saoto Madura, wah, kaya apa rasane pindhang ati-ati, wah kaya apa rasane bêtutu, bok jajal-jajal nyoba gawe. Hara, pungkasane apa ora ngajak nyang kamurkan bae, aliyas ngajak royal.

Petruk : omongmu sing mangkono kuwi, kok padha karo rêrasane wong sing mangkene kae: wong wis jungênêngjumênêng. wêdana, kathik wêton bêstirsêkul, hla kok prêlu-prêlune ambanjurake pasinaone kanggo mèstêr. Apa iki ora ngajak nyang kamurkan bae, wong wis wêdana, kathik wêton bêstirsêkul, nèk ora kêbangêtên anggone [ang...]

--- [1195] ---

[...gone] calila-calili bae, mêsthi duwe pangarêp-arêp dadi bupati, yèn wis duwe sêbutan: Mr. gêdhe-gêdhene iya mung pangkat bupati. Andèk iya bakal bisa dadi gupêrnur jendral. Ing kono ora dipikir yèn pangkat bupati kuwi pagaweane angèl, rupa-rupa lan sumrambah bangêt. Jalaran saka iku, tumrape bupati, saka akèh kapintêran lan kawruhe, iya saya utama bangêt. Mêngkono uga mungguhing olah-olah tumraping wanita, saya akèh kapintêrane ing bab olah-olah, saya utama. Mulane mungguhing aku, tumraping wanita, buku olah-olah kuwi kêna diarani salah sawijining piranti panancang.

Garèng : ngrêti aku, Truk, panancang murih wong lanang ora tau kiyah-kiyah. Sabab arêp prêlu lêlungan upamane, dumadakan sing wadon ngiming-imingi mangkene: mas, mas, nèk mêngko anjênênganpanjênêngan. ora tindak-tindak, arêp tak gawèkake gudir. Aja tindak ya mas, ya mas...

Petruk : yah, kuwi rak wong wadon alêman, padune gêmang ditinggal wong lanang. Buku olah-olah diarani panancang, kuwi mangkene, kang Garèng.

Wong wadon duwe buku olah-olah, kok banjur srêgêp ngudi rêsèp-rêsèp masakan, kuwi yèn olah-olah sabên dinane, bisa gawe programah, upamane bae mangkene: dina iki sing diolah jangan lodhèh, pindhang, bubuk kêdhêle, krupuk lan abon. Esuke, êmpal, rêmpèyèk, jangan lumbu lan pêcêl. Esuke manèh sing diolah pêcêl

[Grafik]

pitik jangane mênir, mêngkono sapiturute, dadi mangane wong lanang sabên dina gonta-ganti, têmtune iya banjur ora ana bosêne, mangane têrus ngêthèmêl ajêgan. Ing sarèhne mangane ajêgan krasa enak, wêtênge iya ajêg warêg. Wong kuwi yèn wêtênge warêg, iya banjur ora gas-gasan. Ora kêpengin jajan ana ing resturan, ora kêpengin nangguh mangan ana ing omahe kancane, ora tau kêpengin ngêndhêg bakul pêcêl, lan sapadhane. Mara, apa wong lanang ora banjur ana ing ngomah bae. Lo, samono kadigdayane buku olah-olah kuwi.

--- [1196] ---

[Iklan]

--- 1197 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI.

Kitha Surabaya kadamêl pêtêng. Sampun sawatawis dintên ing wêwêngkon Ujung tuwin Tanjungperak, Surabaya, kawontênakên cobèn-cobèn mêjahi dilah-dilah ing wanci dalu, pêrlu kangge pasinaon samangsa ing kitha ngriku dipun têmpuh ing mêngsah saking gêgana. Cobèn-cobèn punika pinanggih sae, ing têmbe badhe kacobi malih. Ing pangangkah tindak makatên punika botên namung wontên ing kitha kemawon, ugi tumrap dhatêng saindêngipun Surabaya. Cobèn-cobènipun malih badhe katindakakên wontên ing wulan Oktobêr ngajêng punika.

Bestuursacademie. Miturut katrangan saking parentah, ing bab badhe wontênipun Bestuursacademie, punika ingkang kakengingakên malêbêt sinau ingriku, ing sadèrèngipun namung tumrap priyantun pangrèh praja ingkang sampun nindakakên padamêlan tuwin anyêkapi wajib ingkang kakintên sagêd nampèni wulangan ingkang langkung inggil wau. Lamining sinau tigang taun. Tumrap para priyantun saking tanah karajan Jawi, badhe ngêntosi katrangan saking gupêrnur ing Surakarta tuwin Ngayogyakarta.

Tuwan Arkiman luwar saking sêrêgan. Ingajêng sampun nate kawartosakên, Tuwan Arkiman ing Surakarta, kasêrêg ing prakawis ing bab gadhah radio botên purun ambayar prabeya dhatêng Nirom. Bab wau sampun dipun rampungi dening pangadilan Landraad ing Surakarta, Tuwan Arkiman kadhêndha f 25.- Dene bab anggènipun Tuwan Arkiman botên purun ambayar wau, amargi piyambakipun ngrumaosi kawula ing Surakarta, ingkang dèrèng wontên pranatanipun ambayar prabeya awêwaton anggêr nagari Surakarta. Karampungan Landraad wau dipun duwa kanthi nginggahakên prakawis dhatêng pangadilan ingkang langkung luhur saha dipun êmbani dening Mr. Sastromulyono. Ing sapunika wontên wartos, miturut karampungan saking Raad van Justitie ing Sêmarang tanggal 3 Sèptèmbêr 1937 No. 339/R Tuwan Arkiman linêpatakên ing sêrêgan. Miturut karampungan punika, dados tumrap kawula ing Surakarta linêpatakên ing prabeya radio.

Papriksan ing tanah paboyongan. Wontên wartos, parentah sampun miji satunggiling insinyur waterstaat babagan tanah paboyongan dhatêng Jambi, pêrlu ngrêmbag padamêlan babagan paboyongan. Gêgayutanipun kalihan bab punika, badhe wontên tiyang saking tanah paboyongan kadhawuhan dhatêng tanah Jawi, pêrlu kadhawuhan sêsorah dhatêng dhusun-ingadhusun ing padununganipun piyambak-piyambak. Sasampunipun makatên lajêng badhe wontên priyantun pangrèh praja ingkang kautus dhatêng Lampung, supados nyumêrêpi kawontênanipun ingriku. Ing taun 1937 punika têtiyang ingkang pindhah dhatêng tanah sabrang sampun wontên 20.000, taun ngajêng badhe wontên 25.000.

Pindhahan gologan Justitie. Mr. Harun al Rasyid kaangkat dados advocaat tuwin procureur ing Raad van Justitie ing Padang. R. Mas Sudibyo Purwomartono, rechtskundige, pangarsa Landraad ing Pathi, kaangkat dados pangarsa Landraad ing Purbolinggo tuwin Purwokêrto. Mr. R. Aruman, pangarsa Landraad ing Pacitan, dados pangarsa Landraad ing Pathi. Mr. R. Achmad, pangarsa Landraad nomor kalih ing Landraad Cirêbon tuwin Kuningan, dados wakil pangarsa Landraad ing Pacitan. R. Soeprapto rechtskundige, pangarsa Landraad ing aBnyuwangi,Banyuwangi. Nêgara Dèn Pasar tuwin Mataram, dados wd. 2e tijd. pangarsa Landraad miji ing Cirêbon tuwin Kuningan.

[Iklan]

Kabudidayan bibit ing Blitar. Ing laladan Wlingi, kiwa têngênipun dhusun Talun, Blitar, wontên kabudidayan nanêm bibit kopi, ingkang satanah ngriki kapetang agêng piyambak. Kopi wau asli dhêdhêran, nama kopi Excelsa, kapetang kopi ingkang sae piyambak, ing mangke samangsa sampun ragi agêng lajêng dipun cangkok kagandhèngakên kalihan kopi sanès. Samangsa sampun sae gêsangipun lajêng kakintunakên dhatêng pundi-pundi.

Suntikan pest marêmakên. Sampun wiwit tanggal 1 Sèptèmbêr ing laladan Bandung tuwin Garut kawontênakên suntikan pest. Suntikan wau katindakakên sabên sabibar mangsa têrangan tuwin mangsa wiwit jawah, inggih punika wancinipun tikus-tikus wangsul malêbêt dhatêng padhusunan. Suntikan ingkang katindakakên punika pêrlu kangge anjagi supados tiyang kalis ing sêsakit pest. Tumindaking damêl punika katingal dipun biyantu ing tiyang kathah, botên kados ingkang sampun, tansah manggih pambêngan dening dipun alang-alangi ing tiyang siti, mila tumindakipun ing sapunika sagêd prayogi.

Gusti R. Ajêng Nurul angsal ganjaran. Wontên wartos, Gusti R. Ajêng Nurul angsal ganjaran saking Sri Bagendha Maharaja Putri awarni gambar dalêm Sri Bagendha, nyarêngi wiyosan dalêm nata. Gambar wau mawi ciri tapak asta dalêm Sri Bagendha piyambak.

Sasabipun ura-uru ing Amuntai. Miturut wartos sabab-sababipun ura-uru ing Amuntai, jalaran saking botên lila anggèning pemahanipun kêtrajang margi.

Jaarmarkt ing Surabaya kaindhakan 2 dintên. Wontên wartos bilih Jaarmark ing Surabaya badhe kaindhakan 2 dintên, pêrlu kangge fonds Tiongkok. Bilih indhaking dintên wau manggih kapitunan badhe dipun sanggi dening bangsa Tionghwa ingkang kawogan.

--- 1198 ---

[Iklan]

Rakyat ing Bojonêgoro kirang saras. Ing wêkdal punika rakyat ing Bojonêgoro kêtingal kirang kêsarasanipun, anjalari botên kenging dipun trapi padamêlan ingkang awrat-awrat. Doktêr-doktêr sami dipun dhatêngakên pêrlu nindakakên rêrigên murih prayoginipun, kathah jampi-jampi ingkang dipun dhatêngakên. Departement Economische Zaken aparing pambiyantu arta f 50.000.-

Andadosi lèpèn kangge mitulungi têtiyang ing Bojonêgoro. Gêgayutan kalihan pêrlu badhe mitulungi panggêsangan rakyat ing Bojonêgoro, ingkang wajib ngawontênakên padamêlan andandosi lèpèn Ingas kaprênah saêlèr dhusun Baurêna, laminipun tigang wulan. Ing sapunika wontênipun tiyang ingkang nyambut damêl sampun 4000.

Liburan pamulangan ing Surabaya. Soerabajasche Schoolvereeniging nêtêpakên liburanipun pamulangan têngahan tuwin pamulangan andhap. Tumrap liburan wulan November dipun wiwiti wontên tanggal 30 October dumugi tanggal 30 November 1937. Kerstvacantie dipun wiwiti tanggal 23 December 1937 dumugi tanggal 3 Januari 1938.

Sêsakit cholera ing Tiongkok botên kasamarakên wontên ingriki. Gêgayutan kalihan wontênipun bangsa Tionghwa ingkang sami dhatêng saking Tiongkok, nuwuhakên pitakenan punapa wontêning sêsakit cholera ing Tiongkok botên kasamarakên tumular wontên ing tanah ngriki. Ing bab punika pakaryan kasarasan suka katrangan bilih sêsakit wau wontênipun ingriku botên pêrlu kasamarakên, amargi mirid paniti, sampun 10 dintên têtiyang ingkang sami dhatêng wau botên wontên ingkang nandhang sakit ingkang kasamarakên punika.

Ngajêngakên pambranahan rajakaya. Pakêmpalan ngajêngakên pambranahan rajakaya ing Sumêdhang, ingkang nama Pangeran Stichting, mêntas ngawontênakên parêpatan, ngrêmbag ing bab pêrlu wau. Pakêmpalan punika sampun anggadhahi arta f 8000.- sumimpên ing Factorij. Botên dangu ing Sumêdhang badhe kawontênakên tentoonstelling rajakaya.

Algemeen Weermacht Comite kabibarakên. Comite ingkang kasêbut punika kala tanggal 14 wulan punika nêtêpakên bilih comite wau kabibarakên. Tumindaking damêl comite punika sagêd nglêmpakakên tandha tangan 84.052, artanipun urunan angsal f 83.032.09, lajêng kaunjukakên dhatêng Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, pêrlu kangge pajagèn praja.

Sêsakit malaria ing pasisir Bêtawi. Ingkang bupati ing Bêtawi kalihan Tuwan Asistèn Residhèn Van Haeften sampun tindak papriksa dhatêng pasisir lèr kilèn Bêtawi, ingkang ingriku tuwuh sêsakit malaria. Tindakipun pangagêng wau kanthi ambêkta jampi kenine. Ingkang kêtrajang sêsakit wau ing bawah dhistrik Mauk. Doktêr Gupêrmèn Dr. Ruslan ugi sadhiya jampi kathah.

Têgal panggenan malaria. Sampun sawatawis dintên pangagêng Gemeente kanthi punggawanipun sami nitipriksa dhatêng panggenan-panggenan sauruting pasisir dununging panggenan sêsakit malaria. Tindak wau pinanggih wontên wohipun, dene têtiyang ingriku lajêng sami purun jêjampi dhatêng griya sakit. Ingriku punika sampun nate kêtuwuhan sêsakit malaria kêgolong agêng kaping kalih, kala ing taun 1915 tuwin taun 1925. Rêrigên nyirnakakên sêsakit malaria ingriku punika dipun sadhiyani waragad f 360.000.-

Mogok botên purun dhatêng Jêpan. Punggawaning kapal Cilêbut ingkang nuju labuh wontên Surabaya, sami botên purun kaangkatakên dhatêng Jêpan, punggawa ingkang sami mogog wau sami bangsa Tionghwa. Ingriku lajêng wontên bêbantu pulisi ngirit têtiyang wau dhatêng kantor pulisi. Sarèhning ing kantor pulisi kêkirangan panggenan, têtiyang wau wontên ingkang katahan ing pakunjaran. Dirèktur K.P.M. ambiyantu dhatêng J.C.J.L., kapal kabidhalakên ngangge punggawa bangsa Jawi.

NAGARI WALANDI.

Prins Bernhard mriksani pêrang-pêrangan. Pêrang-pêrangan ing nagari Walandi sampun dipun wiwiti. Sri Bagendha Maharaja Putri tuwin Prins Bernhard anjumênêngi nalika wiwit pêrang-pêrangan punika. Prins Bernhard badhe lajêng anjumênêngi kalihan ingkang rayi, Prins Aschwin, rawuhipun Prins Aschwin andhèrèkakên Sri Paduka Rajaputri Juliana. Dene salajêngipun Prins Bernhard badhe nitih kapal Piet Hein, laminipun gangsal dintên.

EROPA.

Sumarenipun tilas presidhèn Masaryk. Anggèning nyarèkakên tilas presidhèn Masaryk katindakakên wontên tanggal 21 wulan punika. Ing sadèrèngipun kasarèkakên layonipun dipun dèkèk wontên pasarean ing kasteel Lany. Ing dintên Sabtu, Ngahad tuwin Sênèn, layon dipun dèkèk ing kasteel Praha, têtiyang ingriku sagêd ningali dhatêng tilas pangayomanipun. Wadya dharatan Tsjescho-Slovakije badhe tumut andhèrèkakên dhatêng pasarean. Tandhaning bela sungkawa katindakakên ngantos tanggal 26 wulan ngajêng.

ASIA.

Mèngêti Chiu Ie Pah. Kala tanggal 18 Sèptèmbêr ing saindêngipun Tiongkok ngawontênakên pèngêtan kadadosan ing Mukden kaanggêp dintên kasungkawan. Bandera-bandera salêbêting nagari dipun kèrèk satêngah tiyang. Ing dintên wau rakyat sami botên nêdha daging. Arta sudaning tadhah wau, badhe kapasrahakên dhatêng gêdhong arta nagari.

Sang Rabindranath Tagore gêrah rêkaos. Miturut wartos saking Calcutta, Sang Rabindranath Tagore gêrah rêkaos, lampahing rah kêsantêrên, kawontênanipun nguwatosakên.

--- 1199 ---

Wêwaosan

II Lêlampahanipun Dhobrinya

14

Sang Prabu Wladhimir ngandika makatên:

Dhobrinya, bangêt panarimaningsun anggonira wis anglabuhi prajaningsun Ruslan iki, lan salawas-lawase ingsun ora bakal lali. Mangkono uga, salawase ing praja Ruslan kene ana juru ngrumpaka, jênêngira apadene lêlabuhanira bakal tansah kanggo rêrumpakan. Kajaba saka iku, sira uga wis anglabuhi ratunira dhewe, iya ingsun iki, sarana angluwari sadulur ingsun Dèwi Pujatisna saka panguwasane naga Gurindayêksa, jalaran saka iku, ingsun nêdya angganjar marang sira, kang salawase durung tau kalakon marang satriya utawa prajurit liya-liyane. Saiki sira ingsun wênangake lumêbu ing gêdhong rajabrananingsun, lan sira kêna milih apa bae kang dadi kasênênganira. Ing kono ana sarupaning piring, cangkir utawa gêlas salaka lan êmas, barang jarahan nalikane swargi kangjêng rama utawa ingsun pêrang ana ing praja Yunani. Ing kono uga ana panganggo-panganggo kang sarwa èdi lan pèni, barang jarahan saka nagara Sêtambul rikalane Sang Oljèg anglurug ing praja kono. Sarupane gêgaman uga pêpak, yaiku barang jarahan saka nagara Indhu, gawane sang minulya Woloh. Sakèhing barang-barang mau, sira kêna milih Dhobrinya. Kajaba saka iku, wiwit saiki sira dadi pangarêping prajurit ingsun kang dhuwur dhewe, awit sakèhing prajurit ingsun ing nagara Kiyèph kene ora ana kang bisa matèni naga Gurindayêksa kajaba sira, lan ora ana kang bisa ngluwari Dèwi Pujatisna saka ing guwaning naga Gurindayêksa kajaba sira. Kang iku Dhobrinya, panuwun ingsun marang kang Murbèng Kuwasa, muga-muga sira pinaringana umur dawa, lan lêstaria anggonira ngawula ana ing ngarsaningsun.

Sasampunipun Sang Prabu Wladhimir angandika makatên wau, slomprèt punapadene gêntha ing nagari Kiyèph, lajêng kaungêlakên malih lan para ingkang sami andhèr wontên ing ngarsa nata, punapadene para kawula sadaya, sami surak-surak minôngka anglairakên suka sênênging manahipun dhatêng lêlabêtanipun Dhobrinya ingkang samantên agêngipun wau. Ing ngriku Dhobrinya nêlungakên badanipun tumuju dhatêng sang nata, nêlungakên badanipun malih tumuju dhatêng keblat sakawan, nanging kêclaping mripat tansah ngupadosi dhatêng ingkang ibu. Ing batos Dhobrinya ngraos nalôngsa manahipun, dene ingkang ibu botên wontên ing ngriku, anêksèni anggènipun Dhobrinya kinabulakên ing Pangeran punapa ingkang tansah dados impènipun punika. Nanging gagasanipun Dhobrinya ingkang kados makatên punika, saèstunipun kalintu, ingkang ibu kêmpal kalihan tiyang kathah. Sang putri ugi mirêngakên dhawuh pangandikanipun Prabu Wladhimir. Saking gênging rênaning panggalihipun, ingkang ibu wau ngantos botên sagêd ngêngkên malih, saha lajêng ngêsuk tiyang kathah lumajêng amurugi ingkang putra wontên ing sitinggil. Saking gênging bingahipun, tanpa amanggalih dhatêng wontênipun tiyang kathah, kanthi muwun Dhobrinya lajêng dipun rangkul lan dipun arasi.

Salajêngipun Sang Prabu lajêng dhawuh ngawontênakên pahargyan minôngka angurmati unggulipun Dhobrinya kalihan naga Gurindayêksa, punapadene angurmati luwaripun Sang Putri Dèwi Pujatisna. Mênggah danguning pahargyan wau kalih wêlas dintên.

5. Dhobrinya sarta Dèwi Natasiyah.

Salêbêtipun sami kêmbul dhahar, Prabu Wladhimir, kanthi rênaning panggalih, tansah nyawang para prajurit lan para satriya satunggal-satunggal ingkang sami tumut ngèstrèni ing pahargyan wau. Sadaya punika mèh sadaya sampun kathah lêlabêtanipun dhatêng praja tuwin ratunipun. Mênggahing sang nata piyambak, sakalangkung bingah panggalihipun, dene sadaya wau sami ngêmpal wontên ing pahargyan ngriku, botên prêlu nitipriksa tapêlwatêsing praja ngupados mêngsah ingkang nêdya ngrisak katêntrêmaning nagari Ruslan. Mênggah sayêktosipun sampun sawatawis dangu anggènipun nagari Ruslan tata têntrêm tanpa kagodha ing pêrang. Pêrangipun ingkang pungkasan, inggih punika kalihan nata binathara ing praja Bisantiyêm, ingkang wusananipun, Bisantiyêm kasoran, ingkang salajêngipun sabên taun kapêksa kêdah atur bulubêkti dhatêng Nata Ruslan. Bôngsa Sosar, ingkang tansah damêl rêrêsah ing tapêl watêsing praja, sampun sagêd katumpês dening prajuritpun Sang Prabu Wladhimir. Dene ing salêbêting nagari; tata têntrêm tanpa wontên ingkang gêndhak sikara punapa-punapa. Wontênipun ingkang makatên punika, adamêl rênaning panggalihipun Sang Prabu Wladhimir. Salajêngipun sang nata angandika makatên:

He Dhobrinya, sira bakal muwuhi karênaning panggalih ingsun utawa para pangeran, satriya, apadene prajurit kang ana ing kene babèh, saupama jênêngsira gêlêm nyalêmpung, sinambi ngrumpaka mungguh kadibyaning para satriya ing jaman kuna.

--- 1200 ---

Dhobrinya nêlungakên badanipun tumuju dhatêng sang nata tuwin dhatêng sang pramèswari, nyandhak gêlas ombèn-ombènipun ingkang isi anggur, kaumbulakên sarwi ngucap:

Mugi sang nata sêsêmbahan kula sadaya, Sang Prabu Wladhimir, pinaringana panjang ing yuswa.

Sadaya ingkang wontên ing ngriku, lajêng nyandhak gêlasipun piyambak-piyambak, kaumbulakên saha sarêng-sarêng ngucap:

Mugi-mugi Sang Prabu Wladhimir pinaringana panjang ing yuswa.

Sasampunipun makatên, Dhobrinya lajêng nyandhak calêmpungipun kalaras sakêdhap, lajêng angungêlakên sinambi têtêmbangan angrumpaka mênggahing kalangkunganipun Sang Walga tuwin Sang Mikula. Kadosdenwe padatanipun sang nata tuwin sadaya ingkang wontên ing ngriku, sami nêmênakên anggènipun mirêngakên.

Dhobrinya sasampunipun rampung anggènipun ngungêlakên calêmpung tuwin têtêmbungan wau, sarta sasampunipun calêmpung kaglethakakên wontên ing meja malih, Sang Prabu Wladhimir lajêng ngandika makatên:

Têmbanganira iki mau bêcik bangêt, Dhobrinya, nanging genea têka ora sira rampungake. Yèn ingsun ora kaliru, nalika baline Mikula angampirake sang linangkung Walga ana ing omahe, Walga nuruti apa panjaluke Mikula, lan loro-lorone banjur padha lumêbu ing omahe Mikula kang gêdhe, omah mau kayu. Ana ing lawangan, dipêthukake dening wanita loro ayu-ayu, yaiku: Wasiliyah lan Natasiyah, loro-lorone anake wadon Mikula.

Salah satunggiling satriya, nama Alyasa, ingkang rêmên ngerang-erang, lajêng nyêla cariyos makatên:

Botên, sadhèrèk Dhobrinya, kula gumun, dene panjênêngan botên nyariyosakên mênggahing endahing warninipun putri kalih punika. Ingkang sêpuh, inggih punika: Wasiliyah, samangke sampun kadhaupakên kalihan pun Sêtayor, satunggiling tiyang ingkang abôndha bandhu, lan samangke dêdunung wontên ing griyanipun ingkang saklangkung sae ing kitha: Wèrnigoph, putri wau sampun nate mriki, lan solah tingkahipun kala wontên ing ngriki, adamêl mangkêl kula sadaya, dalasan dhatêng sang nata kemawon, patrapipun ragi sêmbrana, kirang dugi prayogi. Nanging sadhèrèkipun ingkang anèm, Dèwi Natasiyah, ingkang sakalangkung endah ing warni, damêlipun sabên dintên namung numpak kapal anjajah desa milang kori, cêkak aos, Dèwi Natasiyah punika prajurit èstri. Kula samangke badhe suka pitutur dhatêng panjênêngan. Kapal panjênêngan tumuntên pun lapakana, sarta panjênêngan enggal tumuntêna bidhal mangilèn ngupadosana prajurit èstri wau. Nanging kula èngêtakên, kadibyanipun putri punika linangkung, sampun kathah para prajurit tuwin para satriya ingkang nglamar dhatêng sariranipun, nanging sang putri purun krama ngêmungakên kalihan satunggiling priya ingkang sagêd ngasorakên juritipun, lan dumuginipun sapriki, sintên satriya ingkang mêngsah pêrang kalihan sang putri têmtu tiwasipun. Nanging mênggahing panjênêngan kados sampun kenging kapitados mênggahing kaprawiran tuwin kadibyan panjênêngan. Tumrap panjênêngan kados botên badhe rêkaos ngawonakên juritipun Sang Putri Natasiyah wau. Ingkang punika, sadhèrèk Dhobrinya, kanthi pangajêng-ajêng ingkang sangêt, mugi-nugi kula sadaya tumuntêna sagêd ngramèkakên krama panjênêngan kalihan prajurit wanita Dèwi Natasiyah wau. Satunggiling wanodya, putra putrining... tiyang tani pun Mikula. Kula pitados, bilih tiyang dhusun punika têmtu kêpengin sangêt gadhah mantu satriya prawira kados panjênêngan punika.

Dhobrinya amangsuli: Sadhèrèk Alyasa, mênggah gunanipun kemawon punapa, têka panjênêngan punika tansah ngerang-erang dhatêng sasamining tiyang, ingkang nama satriya lan prajurit sajati, punika botên sagêd saupami kapurih dangu-dangu wontên ing Kiyèph, prêlu namung linggihan-linggihan lan sênêng-sênêng kêmbul bujana kemawon. Tumrap satriya sajati, sênêngipun punika manawi sagêd anjajah desa milangkori, lan abên kaprawiran kalihan mêngsahipun. Manawi prêlu, kula sadaya punika, sagah masrahakên jiwa raganipun, minôngka kangge tata têntrêming nagari Ruslan. Kula sadaya sagah ngirangi nêdha utawi tilêm, namung tansah ngubêngi tapêl watêsipun praja, manawi mila sagêd nyalangi para durjana lumêbêtipun dhatêng tanah wutah rah kula sadaya punika, tumraping satriya utama, nama satunggiling kaurmatan agêng, manawi sagêd amrêjaya tiyang awon ingkang nêdya ngêrisak katêntrêmaning prajanipun piyambak punika. Kosok wangsulipun, dede nama satriya manawi sok purun mêmêjahi tiyang ingkang tanpa dosa, punika atêgês: amêjahi kapalaning somah, adamêl tiyang neneman dados warôndha, tuwin anak-anakipun ingkang tanpa dosa wau dados lare lola. Mikula punika botên melik dhatêng misuwuring nama, salaminipun gêsang namung nindakakên têtanèn, ingkang atêgês suka panggêsangan dhatêng tiyang sanagari Ruslan punika, dados inggih suka dhatêng kula tuwin dhatêng panjênêngan. Dados padamêlanipun Mikula punika sayêktosipun awrat, langkung awrat katimbang padamêlanipun para prajurit tuwin para satriya. Ing praja tanpa wôntên tiyang kadosdene Mikula wau, kados kula sadaya, makatên ugi panjênêngan, badhe botên gadhah daya babar pisan.

Mirêng wicantênipun Dhobrinya ingkang makatên wau, ing sêmu Alyasa lingsêm sangêt, rumaos manawi angsal pangajaran anggènipun sok rêmên ngerang-erang punika. Salajêngipun nuntên kèndêl kemawon, sarta inggih botên nyariyosakên malih ing bab kadibyanipun Nataniyah.Natasiyah. Badhe kasambêtan.

--- 145 ---

Nomêr 37, taun II

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Rêbo

Palakrama

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 74

Manawi wontên lare ewah, mêngi, cêkèk lan sanès-sanèsipun bangsaning sêsakit ingkang ambêbayani, jalêra, èstria, punika kalêbêt golonganipun bibit awon. Bibit ingkang makatên punika ingkang kathah botên sagêd dumugi anggènipun jêjodhoan, manawi sagêd nurunakên, anakipun inggih katurunan sêsakit tiyang sêpuhipun.

Bab Bèbèt

Ingkang dipun wastani bèbèt punika trah, utawi turun. Mila tiyang Jawi manawi badhe ngemah-emahakên anak, angèngêti dhatêng bèbèt. Sabab awon saening watêkipun bèbèt ingkang kathah tumut dhatêng bibit, kados ta: bèbètipun tiyang ewah, bêgja-bêgjanipun manawi nurunakên inggih gêndhêng utawi busuk.

Bab Bobot

Ingkang dipun wastani bobot, inggih punika kalakuan utawi antêping manah. Sanadyan bibit sae, sarta bèbètipun tiyang sae, nanging lare wau angantêpi kalakuan awon, ingkang tamtu inggih dados cacadan, trangipun malih: sanadyan putraning priyantun, nanging manawi kalakuanipun awon, inggih sinirik ing tiyang.

Dados bedanipun kalihan paugêran kawan bab kasêbut ing ngajêng bab kapintêran botên dados pamanahan, nanging manawi kalêbêtakên ing bobot inggih kenging.

Kajawi bab bibit, bèbèt, bobot, tiyang Jawi manawi badhe ngemah-emahakên anak ugi angèngêti têmbung jodho, liripun pamilihipun wau kêdah kamanah sagêda jodho ing sakalih-kalihipun.

Pancènipun jodho, makatên ingkang pados utawi ingkang milih kêdah ingkang badhe nglampahi piyambak, amargi manawi tiyang sanès, môngsa sagêda anjodhokakên pikiranipun, punika pancèn lêrês, nanging kabêkta jamanipun kala samantên lare dèrèng pintêr kados sapunika, [sapuni...]

--- 146 ---

[...ka,] tiyang sêpuh botên tega angêculakên. Wontên malih sababipun ingkang gawat, inggih punika rèhning lare punika kalih kalimrahipun taksih agêng sangêt hawa napsunipun, yèn ngantos pikiranipun kêtutupan ing hawa napsu, têmtu anggènipun anjodhokakên pikiran wau botên sagêd kadumugèn, amargi watêkipun hawa napsu punika anggampilakên tuwuh-tuwuhing sêngsêm, môngka sêngsêm punika watêkipun pêtêng, botên sagêd ambedakakên ingkang prêlu kalihan ingkang botên. Manawi ngantos kalampahan makatên, têmtu badhe piduwung ing têmbe wingkingipun.

Wontên malih, upami lare wau botên kêtuwuhan sêngsêm, tandang tandukipun inggih tansah pameran kemawon, dados inggih botên gampil badhe anyumêrêpi saluguning kalakuanipun, sagêda jodho inggih namung sanalika ngriku, pawingkingipun têmtu badhe ngalinyam katingal dhêdhasaripun ingkang padintênan, bêgja manawi dhasaripun pancèn sae, manawi awon harak kojur, tanpa damêl anggènipun nyinau kalakuan wau. Awit saking punika saking gênging pangowêlipun tiyang sêpuh dhatêng anak, kawêwahan saking pangatos-atosipun, lare wau botên dipun purih pados jodho piyambak, malah tiyang sêpuh ingkang ngupadosakên. Badhe kasambêtan

K. 1753

Bab Nyêrat (Ambathik)

Parang-rusak

Ing Kajawèn nomêr 72 Jagading Wanita nomêr 35, sampun mratelakakên ing bab sinjang parang-rusak. Ing ngriki prêlu nêrangakên sawatawis, ing bab mulabukanipun wontên nama wau.

Miturut dêdongengan tuwin gotèkipun tiyang kathah, nama sinjang parang-rusak punika warni-warni, katranganipun makatên: 1 mêndhêt saking wujuding pêdhang (parang) putung. 2 parang (parangcuri) ingkang risak. 3 mirid saking wujuding sungu manjangan. 4. wujuding dhuwung. 5. saking wujuding kudhuping tunjung, pasêmoning gêsang enggal. 6 mirid saking ukiran agêmipun Radèn Panji ingkang mêntas kagêm nyedani Dèwi Angrèni. 7 mirid saking wujuding parang ingkang risak dening tetesan rêmbêsaning toya ingkang dipun uningani ingkang Sinuhun Sultan Agung.

Aslining nama warni-warni wau, ingkang pinanggih mèmpêr namung tumrap cariyos ingkang gêgayutan kalihan Sinuhun Sultan Agung. Dêdongenganipun: nalika Sinuhun Sultan Agung amasuh sarira wontên têpining sagantên kidul, angambah jurang pêpèrèng urut têpining sagantên wau. Ing ngriku kathah wêwarnèn ingkang adamêl karênaning panggalih, manawi mariksani mangidul, katingal sagantên angêlangut tanpa têpi, têmpuking alun gumalêgêr ngantos ngumandhang dumugi langit, pêcahing toya sumawur kados awun-awun. Parangcuri ing sapinggiring sagantên sami rêmbês, kalêmpakaning toya tumètès andhawahi parangcuri, lajêng katingal pating jalarèh.

Kawontênan sadaya wau nuwuhakên pangraos ingkang damêl katêntrêman. Wusana sakondur dalêm angadhaton, lajêng dhawuh nyêrat sinjang,

--- 147 ---

ingkang wujudipun angiribi wujuding parang ingkang risak, kados ingkang dipun uningani. Sarêng dados sinjang, dipun namakakên: parang-rusak.

Miturut dêdongengan malih, kacariyos kala rumiyin, tiyang badhe nyêrat sinjang parang-rusak punika, ing sadèrèngipun miwiti nyêrat, mawi sêsaji rumiyin, amargi sinjang wau dados agêm-agêmaning para agêng. Ingkang salajêngipun dumugi sapunika dados sinjang awisan. Kajênging awisan, punika awisaning ratu.

Sarèhning punika namung dêdongengan, dèrèng kenging dipun anggêp nyatanipun. Namung ing bab wontêning sinjang ingkang dipun wastani bathik, punika ing kina ugi sampun wontên, dipun wastani sinjang kêntèl, inggih punika sinjang pêthak tênunan kasar dipun sêrat, saha namung dipun wêdêl kemawon. Dados kintên-kintên, saupami nyataa kala jaman samantên wontên sêsêratan, inggih taksih kasar, pinanggihipun dados sae kados ing sapunika, punika saking wêwangunan.

Makatên malih ing bab nama-namaning sinjang, punika asli anggitan, nanging sami mawa kajêng, kados ta sêmèn-rama, mêndhêt saking lêlampahanipun Prabu Rama. Sêmèn-angrèni, mêndhêt saking cariyos Angrèni, tuwin sanès-sanèsipun.

Ing sasagêd-sagêd, ing Jagading wanita ngriki, manawi kaparêngakên, badhe macak gambaring sinjang-sinjang, ingkang baku kina. Ingkang kacêtha ing gambar punika sinjang parang-rusak-barong

Bab Olah-olah

Bangsaning godhong-godhongan

Godhong pohung (kaspe) ingkang nèm kenging kangge gudhêg, pangolahipun:

Godhong kaspe wau karajang rumiyin, lajêng kagodhog, manawi sampun êmpuk, nuntên kaêntas, kaêtus. Lajêng ngracik bumbu: brambang, bawang, lombok abrit, tumbar, kêncur, sarêm, traos, salam, santên. Sadaya kakintên-kintên piyambak, sokur wontên thethelan daging.

--- 148 ---

Godhong katès nèm kenging kangge urab-uraban (gudhang) kacampur godhong pohung ugi kenging.

Godhong tela rambat (jlegor) kenging kakêla utawi kapêcêl, kakêla namung kangge kêlan asêm, kauworan kêdhêle, pangolahipun:

Anggodhoga kêdhêle rumiyin, manawi sampun ragi êmpuk godhong tela wau kacêmplungakên, bumbunipun: brambang, bawang, sarêm, traos, lombok abrit, asêm, laos, lan gêndhis. Sadaya wau kakintên-kintên cêkapipun.

Godhong kelor utawi katu punika sasumêrêp kula namung kangge momoran kêlan mênir, kabumbonan: brambang, sarêm, gêndhis, kunci.

Bangsaning wowohan

Katès punika kenging dipun sambêl gorèng. Pangolahipun makatên:

Katès wau karajang rumiyin, namung sampun ngantos katutan isi, awit manawi katutan raosipun pait. Bumbunipun dipun rajang utawi kaulêg inggih kenging kemawon, inggih punika: brambang, bawang, lombok abrit, kagôngsa, lajêng katèsipun. Manawi sampun alum, kaêsokan santên, sarêm, traos, salam. Yèn wontên paringana urang utawi duduhipun gêndhis sacêkapipun.

Blimbing wuluh kangge sambêl gorèng. Pangolahipun kados kasêbut nginggil, ugi kenging kangge bothok kacampuran kalihan kêmlandhingan, lombok ijêm, bumbunipun: brambang, bawang, lombok alit, sarêm, traos, asêm, parudan kalapa nèm. Manawi kirang cuwèr dipun wêwahi toya, nuntên kawungkus, lajêng kaêdang.

Klenthang kangge kêlan asêm. Bumbunipun sami kados ingkang kasêbut nginggil wau.

Bangsaning sêkar-sêkar.

Bangsaning sêkar-sêkar kenging kaolah, kados ta: tuntut kenging kangge pêcêl utawi kaurab tuwin dipun pêcêl santên. Bumbunipun tuwin pangolahipun: tuntut dipun kalokopi kulitipun ingkang abrit, manawi kantun ingkang pêthak lajêng kagodhog ngantos matêng, nuntên kaêntas, karajang. Damêla bumbu: brambang, bawnag, lombok abrit, sarêm, traos, kêncur, godhong jêram purut, salam.

Manggar

Manggar punika namung kenging kagudhêg, pangolahipun: manggar kagodhog rumiyin ngantos êmpuk, manawi sampun êmpuk, toyanipun kabucal supados sampun sêpêt utawi abrit. Gêntos anggodhoga thethelan ulam daging kacampurakên, manawi wontên ulam ayam. Lajêng damêl bumbu gudhêg: brambang, bawang, lombok abrit, sarêm, traos, tumbar, jintên, kêncur, laos, salam, santên, sadaya kagodhog ngantos ragi sat kenging kangge dhahar kupat utawi lonthong.

Wara Surasa Adijaya.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

SRITANJUNG

GANCARAN AKSARA LATIN.

Radèn Sidapêksa suwita dhatêng Raja Adikrama ing Sinduraja, kanggêp pangawulanipun, lajêng dipun junjung dados patih. Abdi sanèsipun sami mèri dhatêng kabêkjanipun Radèn Sidapêksa, sami wadul dhatêng sang prabu. Sang prabu ndhahar atur ngamandaka. Radèn Sidapêksa dipun tundhung alus. Sang prabu api-api gêrah, Radèn Sidapêksa kadhawuhan pados jampi, lajêng bidhal. Lampahipun dumugi ing pratapan Pêrangalas, kapanggih sang pandhita Têmbangpetra. Sang tapa ngandika bilih karsanipun sang prabu nyalawados. Radèn Sidapêksa matur badhe andhèrèk martapa, sang pandhita botên marêngakên, awit sang radèn taksih panjang lêlampahanipun, malah lajêng kapundhut mantu, kadhaupakên kalihan wayahipun ingkang nama Dèwi Sritanjung sarta lajêng dipun dhawuhi wangsul dhatêng nagari.

Dumugi nagari Dèwi Sritanjung dados gumunaning akathah saking ayunipun. Prabu Adikrama kèlu dhatêng pawartos. Radèn Sidapêksa dipun timbali, dipun utus dhatêng kaendran mundhi sêrat.

Sapêngkêripun Radèn Sidapêksa, sang prabu rawuh dhatêng kapatihan kapanggih Dèwi Sritanjung. Dèwi Sritanjung badhe dipun garwa botên purun, malah lajêng ngesahi. Sang prabu duka sêmu lingsêm ing panggalih, amargi katampik ing wanita. Lajêng kondur ing kadhaton kanthi cuwaning panggalih.

Sawangsulipun saking kaendran Radèn Sidapêksa têrus sowan sang prabu ngaturakên lêlampahanipun dipun utus. Ing lair sang prabu katingal suka ing panggalihipun. Lajêng ngandika ingkang botên-botên. Dhandhang diunèkake kuntul, kuntul diunèkake dhandhang. Dèwi Sritanjung dipun cariyosakên lambang sari kalihan tiyang sanès.

Radèn Sidapêksa, bawanipun taksih mudha, mirêng pangandikanipun sang prabu wau panon sumrêpêt kados katapuk, lajêng pamit mantuk kanthi ngêmu duka.

Sadumuginipun ing dalêm dipun papagakên ingkang garwa, botên ananggapi. Dèwi Sritanjung lajêng ngandharakên tindakipun sang prabu. Radèn Sidapêksa botên pitados, kagalih aturipun ingkang garwa wau botên nyata. Sang dèwi lajêng badhe dipun antukakên dhatêng Pêrangalas.

Sarêng tindakipun Radèn Sidapêksa sagarwa dumugi ing wana, dukanipun dhatêng ingkang garwa botên kenging kaampah malih. Sang dèwi lajêng dipun pêjahi. Nalika badhe dipun suduk, Dèwi Sritanjung matur: manawi rahipun anggônda awon nyata saliranipun pancèn lêpat. Nanging kosokwangsulipun manawi anggônda arum angambar, Radèn Sidapêksa ingkang kirang titi. Radèn Sidapêksa botên angrèwès dhatêng aturing garwa. Ingkang garwa èstu dipun têlasi. Nalika badhe angrêsiki wangkinganipun dhatêng lèpèn, Radèn Sidapêksa priksa yèn kampuhipun kenging rah sarta ambêtipun wangi. Sanalika Radèn Sidapêksa kagugah katrêsnanipun dhatêng garwa, lajêng gandrung dadakan. Kasupèn bilih ingkang garwa sampun seda.

Kacariyos yitmanipun Dèwi Sritanjung minggah dhatêng kaswargan, kapanggih kalihan Hyang Dwarakala. Sang dèwi lajêng dipun têdahakên dhatêng panggenaning yitma ingkang dipun siksa, jalaran nalika gêsangipun mandamêl ingkang botên lêrês. Sasampunipun tutug anggènipun mriksani, yitmanipun Dèwi Sritanjung lajêng dipun wangsulakên dhatêng raganipun. Dèwi Sritanjung gêsang malih, sarta warninipun saya wêwah ayu. Lajêng wangsul dhatêng pratapan Pêrangalas.

Kocapa Radèn Sidapêksa ingkang tansah anggêtuni sedaning garwa, lajêng dipun rawuhi dening Hyang Nini, punika kalêrês eyangipun Dèwi Sritanjung. Hyang Nini paring dhawuh bilih Dèwi Sritanjung gêsang malih, samangke sampun wangsul dhatêng Pêrangalas. Radèn Sidapêksa bingah sangêt, lajêng nusul ingkang garwa dhatêng pratapan. Sadumuginipun ing pratapan, Radèn Sidapêksa asrah kalêpatan dhatêng Sang Bagawan Têmbangpetra, sang tapa ugi paring pangaksama. Dèwi Sritanjung dipun panggihakên kalihan Radèn Sidapêksa, nanging sang dèwi nyuwun tumbasan: inggih punika sirahing ratunipun, prêlu badhe kangge kèsèd. Radèn Sidapêksa nyagahi, lajêng nyuwun pamit dhatêng ingkang eyang sang bagawan. Sang bagawan marêngakên, sarta paring pusaka.

Prabu Adikrama mirêng yèn badhe kadhatêngan mêngsah, lajêng mêpak bala. Sasampunipun sami samêkta lajêng sami campuh prang. Bala Sinduraja têtumpêsan. Prabu Adikrama tiwas wontên ing paprangan. Prajurit ingkang gêsang lajêng sami têluk dhatêng Radèn Sidapêksa. Rajabrana ing Sinduraja dipun jarah rayah kabêkta dhatêng Pêrangalas.

Radèn Sidapêksa lajêng kadhaupakên malih kalihan Dèwi Sritanjung, wilujêng tanpa sambekala.

Makatên cêkakipun cariyos Sritanjung. Ing sarèhning namung cêkakan, sêngsêming cariyos botên katingal. Môngka saèstunipun cariyos Sritanjung punika kêbak ngês lan kêbak sêngsêm. Kajawi punika ugi wontên piwulangipun ingkang sae sangêt. Kados ta nalika Dèwi Sritanjung ningali kawontênaning yitma ingkang sami nandhang dosa.

Kula aturi nyatakakên maos piyambak. Têmtu marêm. Rêginipun namung f 0.30

WÊDALAN, BALE PUSTAKA, BATAVIA-CENTRUM.

--- [0] ---

Ôngka 77, Stu, Pn, 19 Rêjêb Ehe, 1868, 25 Sèptèmbêr 1937, Taun XII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Candhi Barabudhur - Kawontênan ing Tiongkok - Pahargyan ing Brondong - Bab Sêsakit Edaning Sagawon - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman bocah.

Pangungsêt

Tindak Adil

Gêgambaraning tindak adil mênggahing kalairan, punika sampun botên kirang têtuladan, tumraping pangadilan, manawi dhawah ing karampungan lêrês, dipun wastani adil. Manawi tumraping cariyos kina, ingkang dipun wastani adil punika wontên ing ratu, pancèn nyata têtêping kaluhuranipun manawi kagungan tindak adil.

Kacariyos ing jaman kina wontên ratu ingkang sakalangkung adil, punapa ingkang sampun katêtêpakên ing dhawuh, botên kenging ewah. Ing nagari ngriku sakalangkung tata raharja, barang sumèlèh wontên ing margi, wilujêng botên wontên ingkang purun mêndhêt, sampun malih ngantos dipun pêndhêt, sawêg nyenggol kemawon sampun tampi paukuman. Dilalah, ing ngriku putra nata piyambak nyandhung barang ing margi. Sarêng sang nata uninga dhawuh dhatêng kyai patih, supados putra nata dipun sedani. Nanging kyai patih sakalangkung wêlas. Sarêng sang prabu uninga sêmunipun kyai patih, lajêng dhawuh, sarèhning ingkang lêpat sampeyanipun putra nata, inggih sampeyanipun kemawon kadhawuhan ngêthok, saha kalampahan dipun kêthok.

Sayêktosipun manawi dipun manah, adiling kalairan punika sanadyan saea kados punapa, inggih taksih dipun inggahi kemawon, têgêsipun dèrèng damêl marêm. Cobi gambaring adil ingkang kados makatên wau, tamtu namung sarwa botên damêl marêm.

Cobi sapunika ngangge têpa badanipun piyambak alêlambaran raos kêbatosan, prêlunipun kangge nyumêrêpi adil ingkang yêktos punika tumraping kabatosan ingkang kados punapa. Bokmanawi yèn dipun êdêgakên yêktos, inggih sagêd nyumêrêpi ingkang nama adil ingkang botên ewah. Upaminipun, nacad tiyang punika sêgêr, tiyang ingkang dipun cacad sakit. Punika saupami dipun walik, gêntos dipun angge kados makatên, raosipun kados punapa. Inggih ing ngriku punika manawi badhe sumêrêp adil, têgêsipun badhe nyumêrêpi têpa rumiyin. Têmtunipun manawi sampun nyumêrêpi kajênging têpa, prayoginipun botên tumindak kados makatên kemawon. Nanging wataking tiyang, rêmênipun sok ambujêng rêmbag, manawi sampun makatên lajêng kangge punapa.

Pitakèn makatên punika, kajêngipun sami kemawon kalihan tiyang nêdya botên pados adil, wosipun saking dèrèng sumêrêp sèlèhipun.

Cêkruktruna.

--- 1202 ---

Candhi Barabudhur

Sambêtipun Kajawèn nomêr 76.

[Grafik]

Kêklêmpakaning rêca-rêca Dyanibuda.

Dyanibuda punika Buda ingkang dumados saking golongan jawata (dewa), ingkang wontên ing panganggêpipun golongan Mahayana, anguwasani jagad, jaman, keblat, langit, tuwin anuntuni kamajênganing para manungsa. Dene anggènipun sagêd angyêktosi utawi ambedak-bedakakên, dhatêng satunggal-tunggaling warninipun rêca Dyanibuda, punika dipun tingali saking patrap sikêping asta ingkang sinêbut: mudra. Mênggah têranging pêpilahanipun makatên:

1. Sadaya rêca Buda agêng-agêng, ingkang pinanggih wontên ing clowokaning tembokipun candhi ing sisih wetan majêng mangetan, punika pêpêthaning Dyanibuda ingkang sinung asma: Aksobya (Akshobhya), patraping asta asikêp: bumisêparsa mudra (Bhumisparsya mudra), asta kiwa tumumpang ing pangkon, èpèk-èpèkipun malumah tumumpang ing dlamakaning suku têngên (lênggahipun sila tumpang mrapat, suku kalih pisan kainggahakên tumumpang pupu, suku têngên tumumpang suku kiwa, sadaya rêca Dyanibuda sami kados makatên punika lênggahipun asta têngên tumumpang ing suku têngên sacêlakipun dhêngkul, èpèk-èpèkipun mangkurêb, dariji kadosdene nuding mangandhap dhatêng [dha...]

--- 1203 ---

[...têng] bumi, pikajêngipun asung sasmita, utawi pasêmon kadosdene mangandika: ingsun aprasêtya marang bumi iki, sumêdya anêksèni kababaring panggêlare piwulang anyar.

2. Ing sisih kidul majêng mangidul, punika dununging pêpêthanipun Dyanibuda ingkang pêparab: Rêtnasambawa (Ratnasambhawa), astanipun asikêp: Waramudra (Waramudra), ugi wontên ingkang mastani: Warada mudra (Warada mudra), asta kiwa tumumpang ing pangkon kados kasêbut ing nginggil, asta têngên ing suku têngên sacêlaking dhêngkul, namung kaot èpèk-èpèkipun malumah, inggih punika pasêmonipun undang-undang dhatêng para manungsa, supados sami umarêk ing ngarsanipun, prêlu nampèni pêparingipun karahayon. Upami kababara ing sabda, kadosdene badhe ngandika: ingsun arsa maringi nugraha marang sira.

3. Ing iring kilèn majêng mangilèn, punika dununging pêpêthanipun rêca Dyanibuda ingkang sinêbut: Amitaba (Amitabha), asikêp: Dyana mudra (Dhyana mudra), asta kalih pisan tumumpang ing pangkon, èpèk-èpèkipun malumah sadaya, ingkang têngên tumumpang ingkang kiwa, pikajêngipun asung sasmita, supados para manungsa sami mangun watak utami (kalakuan sae), tuwin ngupados pêpadhang ing batosipun piyambak, sarana lampah samadi, utawi angêningakên ciptanipun, supados sagêd tinarbuka pêpadhanging batosipun.

4. Ing sisih lèr majêng mangalèr, punika dununging pêpêthanipun Dyanibuda ingkang asma: Amogasida (Amoghasiddha), asikêp: Abaya mudra (Abhaya mudra) asta kiwa tumumpang ing pangkon, èpèk-èpèkipun malumah, asta têngên watês sikut dumugi ugêl-ugêling asta, kajunjung sawatawis ing sanginggiling pangkon iring têngên, èpèk-èpèkipun watês ugêl-ugêl kajêngatakên minggah, punika pasêmon ingkang asung sasmita: sira aja sumêlang, kabèh iki bakal lumaku kang prayoga, lan ingsun kang dadi gurunira.§ Dyanibuda wiwit ôngka 1 dumugi 4 punika ingkang nguwasani keblat sakawan.

[Iklan]

5. Kajawi punika, ing larikaning clowokan tembok ing tataran ingkang kaping gangsal, ingkang nginggil piyambak, nanging taksih kalêbêt ing jêrambahing sêrambi ingkang awangun pasagi, punika wontên pêpêthanipun rêca Dyanibuda ingkang sinêbut:

--- 1204 ---

Werocana (Wairocana) angadhêpakên sadaya keblat, inggih buda ingkang nguwasani cakrawala (Êenith), asikêp: Witarka mudra (Witarka mudra), patraping asta mèh sami kados patraping: Abaya mudra, namung kaot pucuking dariji panuding têngên, gathuk kalihan pucuking jêmpolan asta têngên, kadosdene amujudakên bundêring gêlangan utawi sêsupe sêsêr, punika pasêmoning bawa raos, punapa angginêm kawruh raos, ing bab kawontênaning gêsang ingkang tanpa wiwitan lan pungkasan.

6. Rêca-rêca buda ingkang kinurung ing stupa krawangan, dumunung ing talundhag têtiga nginggil piyambak, ingkang jarambahing surambi awangun bundêr, punika pêpêthaning Dyanibuda ingkang pêparab: Wajrasatwa (Wajrasattva), sikêping asta sinêbut: Darmacakra mudra (Dharmacakra mudra), sairib kados sikêping astanipun rêca-rêca buda agêng ing salêbêting Candhi Mêndut. Asta kalih pisan watês sikut kajunjung prênah sangajênging dhadha, èpèk-èpèk kiwa malumah, ingkang têngên wontên sanginggilipun cakêt, watês ugêl-ugêl kajêngatakên minggah, nanging dariji-darijinipun sêmu nêkuk mangandhap dhatêng arah-arahipun èpèk-èpèk ingkang kiwa ngandhapipun, pucuking dariji manis sami dariji maninmanis. gathuk, utawi pucuking dariji manis têngên gathuk lan pucuking dariji têngah ingkang kiwa, ing sêmu kados pêpêthanipun tiyang ingkang badhe ngubêngakên rodha alit, inggih pasêmoning rodhanipun anggêr-anggêr, ingkang suraos: panggêlaring piwulang. Amargi wontên ing kawruh buda, anggêlarakên piwulangipun sang buda, punika sinêbut: ubênging rodhanipun anggêr-anggêr (wet), dene ingkang sinêbut anggêr-anggêr punika piwulangipun sang buda, ingkang limrahipun nama piwulang darma utawi damma. Manawi manut katranganipun paduka Tuwan Ir. Th. Van Erp ingkang sampun amaluya karisakaning Candhi Barabudhur, sikêp, darmacakra: punika pasêmonipun pandhita ingkang sawêg anggêlarakên piwulang agami dhatêng para manungsa. Mênggah lêrês lêpatipun sadaya katrangan ingkang kasêbut wau, kula borongakên dhatêng ingkang langkung wikan.

Sujana: Botên ta ki raka, kula taksih nyuwun imbêt, prayoginipun inggih dipun jangkêpakên pitu pisan, sanadyan rêca wau samangke sampun musna, utawi kasimpên ing salah satunggaling museyum.

Badhe kasambêtan. Tr. S.

Wara-wara

Ngaturi uninga dhatêng sanggyaning para prayantun lêngganan, bilih sawatawis dintên êngkas, administrasi badhe ngintunakên bêlangko pos wisêl, dhatêng para prayantun ingkang babarpisan dèrèng kagungan pambayaran tumrap kuwartal 4 ing ngajêng punika.

Saking pangajêng-ajêngipun administrasi, mugi para ingkang nampi kintunan wau, lajêng kêparêng anggalih ing saprêlunipun, amurih sampun kacuwan ing panggalih, dene botên dipun sowani Kajawèn. Tuwin ngèngêtana bilih ngantos kasèp pambayaripun, sampun cuwa manawi tampinipun Kajawèn botên jangkêp.

--- 1205 ---

Kawontênan ing Tiongkok

Gêlaring paprangan ing Tiongkok pinanggih warni-warni, tumrap ingkang sami paprangan sampun botên kêcuwan, nyata sami gêgambèn sadaya.

Ingkang pinanggih ing paprangan sisih lèr, inggih punika ing Nanking, anggèning pêrang sami wontên ing gêgana, wontên motor mabur Jêpan cacah 20 kêkalangan wontên sanginggilipun kitha Nanking, niyatipun badhe ngrisak papan-papan ingkang wigatos. Nanging dèrèng ngantos kasêmbadan sêdyanipun, sampun dipun tanggulangi ing wadya Tiongkok, sagêd andhawahakên motor mabur Jêpan 4. Tumrap wadya Tiongkok piyambak karisakan motor mabur satunggal, nanging ingkang nglampahakên sagêd oncat sarana ngangge payung gêgana.

[Iklan]

Motor mabur Tiongkok ingkang mapagakên punika wontên sagolongan, cacah 35, ing nalika wanci enjing mêntas nganglang dhatêng papan paprangan ing Syanghai. Motor mabur ingkang 14 pirantos andhawahakên bom, saha kalampahan sampun sagêd ngrisak papan-papan pabarisaning mêngsah ing antawising Syanghai kalihan Nanking. Ing salajêngipun ingkang sanès nanggulangi panêmpuhipun wadya anggêgana Jêpan ingkang nêmpuh ing Nanking, kanthi dipun biyantu ing mriyêm-mriyêm pirantos nanggulangi motor mabur.

Panêmpuhipun Jêpan dhatêng Nanking sarêng dipun tanggulangi, rumaos cabar ing damêl, nanging muring-muringipun saya andados, niyatipun dèrèng lêga manawi dèrèng sagêd anglêbur Nanking. Minôngka pêpucuk, pangagêng wadya Jêpan sampun suka sumêrêp dhatêng wêwakil-wêwakiling nagari sanès, supados rakyatipun sami sumingkir saking papan ngriku, awit Jêpan badhe nêmpuh kêkiyatanipun Tiongkok saking gêgana. Miturut pêpèngêt ingkang kados makatên punika, Jêpan katingal badhe tumindak yêyêktosan, dados saupami wontên sabab-sabab ingkang andadosakên karisakan, Jêpan nama sampun suka pêpèngêt ing sadèrèngipun.

Tumrap Tiongkok, pamawasipun dhatêng mêngsah kathah botên malèsèdipun, kathah tindak ingkang anggutuk lèr kêna kidul. Malah wadya gêgana Tiongkok gêntos mêntas nêmpuh ing laladan Syanghai ingkang dipun broki mêngsah, panêmpuhipun wau nuju padhang rêmbulan.

--- [1206] ---

[Grafik]

Gambar Griya-griya ing Laladan Paprangan ing Tiongkok Lèr.

Karisakanipun griya-griya ing laladan paprangan ing Tiongkok sisih lèr, para maos sagêd mriksani gambar punika.

Gambar nginggil: saradhadhu Jêpan ngadêg wontên ing wuwungan griya angulat-ulatakên mêngsahipun.

Ing nginggil têngên: satunggiling mênara gêdhong agêng ing Pèiping, ingkang dipun kuwatosakên dening têtiyang ngriku manawi nêmahi risak.

Ing têngah: tangsi saradhadhu ingkang risak jalaran tumêmpuh ing mimis.

Ing ngandhap kiwa: oto pangusunging saradhadhu risak kenging bom. Têngên: ugi salah satunggiling tangsi ingkang karisak dening mêngsah.

--- 1207 ---

[Iklan]

Sarêng golongan Jêpan sumêrêp tindakipun Tiongkok kados makatên punika, lajêng nyorot pêpadhang saking kapal pêrang, têrus dipun susul ing lêpasaning mriyêm, adamêl ura-uruning têtiyang laladan ngriku, lajêng pating bilulung ngungsi dhatêng sanès panggenan. Bom-bom ingkang dipun dhawahakên saking golongan Tiongkok, adamêl karisakaning wadya Jêpan ingkang manggèn ing ngriku.

Ing Taiyuwan ugi wontên campuhan ing gêgana, wontên motor mabur Jêpan kalih kenging dipun sanjata, kumaleyang dhawah ing siti. Dene pamalêsipun Jêpan, têrus nêmpuh sêtatsiyun-sêtatsiyun saurutipun Syanghai - Hanko tuwin Syanghai - Nanking.

Grêgêting paprangan ing gêgana ingkang kados makatên punika pinanggihipun pancèn langkung anyamari, awit karisakanipun asring pinanggih anglangkungi. Nanging kawontênan ing paprangan punika pancèn sakalangkung gawat, botên kenging dipun kintên-kintên badhe kawêkasanipun. Kados ta pangangsêgipun Jêpan ingkang ing sêmu sakalangkung mutawatosi, pinanggihipun malah cabar. Malah wontên lêlampahan ingkang kêpêksa ngêndhêg dhatêng pangangsêgipun Jêpan, inggih punika nyarêngi môngsa jawah, ing papan paprangan lajêng santun sipat dados rawa, ngantos adamêl rêkaosing ajêngipun wadya mriyêman Jêpan, môngka tumrapipun Jêpan, wadya mriyêman punika ingkang kenging dipun anggêp têtunggul. Dados tindakipun kêpêksa rêndhêt, ngêntosi môngsa têrangan.

[Iklan]

--- 1208 ---

Pahargyan ing Brondong

Ing bab ungêl-ungêlan: Brondong, punika tamtu lajêng èngêt dhatêng ucap-ucapan Van der Wijck, ingkang cêthaning kajêngipun: kala kèrêmipun kapal Van der Wijck, têtiyang ing dhusun Brondong sami mitulungi dhatêng têtiyang ingkang sami kasangsaran. Inggih wiwit punika lêlabuhanipun têtiyang dhusun Brondong lajêng dados ucap, ngantos maridinimaradini. ing saindêngipun bawana.

[Grafik]

Gambar nginggil: baita-baita ingkang karêngga-rêngga sae, ingkang katampèkakên dhatêng juru misaya ulam ing Brondong. Gambar ngandhapipun: têtiyang siti juru misaya ulam ing Brondong ingkang sami tumut mahargya nuju ngurmati rawuhipun para pangagêng ingkang anjumênêngi. Gambar ngandhap bundêr: Gupêrnur Van der Plas tuwin Residhèn Nieuwenhuyêen sami kalihan nyonyah nalika têdhak mriksani ing papan karamean.

Lêlabêtanipun têtiyang ing Brondong wau dipun galih sangêt dening parentah, punapa ingkang pantês dipun walêsakên. Kalampahan sampun sawatawis dintên, Tuwan Van der Plas, gupêrnur ing Jawi Wetan, sakalihan, tuwin sanès-sanèsipun, sami rawuh ing dhusun Brondong, prêlu maringakên ganjaran dhatêng têtiyang ingkang sami têtulung kala kèrêmipun kapal Van der Wijck.

Dhusun Brondong punika bawah kabupatèn Lamongan, wontên ing pasisir. Manawi saking Surabaya lampahan kirang langkung kalih jam numpak oto.

--- 1209 ---

Ing kala rawuhing pangagêng nagari badhe nampèkakên ganjaran, mawi kawontênakên pahargyan agêng-agêngan, dipun dhatêngi têtiyang tôngga dhusun, punapadene saking nagari.

Ing kala punika para juru misaya ulam sami ngangge rasukan kados sogan, ngangge caping lincip, ambêkta dhayung kadosdene barising saradhadhu amanggul sanjata, pacak baris wontên sapinggiring margi, ajêng-ajêngan kalihan barisaning para punggawa dhusun. Ing papan panggenan ingkang badhe dipun dêgi manara alit, dipun sadhiyani meja kursi, kangge nyadhiyani para rawuhan saking Surabaya, Grêsik, Sidayu, Lamongan, Bojanagara tuwin Tuban.

Sasampuning para tamu tata lênggah, tuwin juru misaya ulam ing Brondong tuwin Blimbing 40 sampun pêpak, residhèn ing Bojanagara Tuwan Niewenhuyêen mêdhar sabda ngaturakên panuwun dhatêng para tamu anggèning sami anjênêngi pahargyan nampèkakên ganjaran dhatêng para juru misaya ulam ingkang sami têtulung kasangsaran kapal Van der Wijck kala tanggal 19 malêm 20 Oktobêr 1936. Tiyang ingkang dipun tulungi wontên 140.

Tiyang nama Pak Mat, tampi pangalêmbana ing bab anggèning têtulung ngantos kecalan baitanipun, lajêng nyambut baitanipun tiyang sanès kangge nglajêngakên anggèning têtulung tuwin lajêng sagêd lapur dhatêng asistèn wadana ing Brondong. Tindakipun têtiyang ing ngriku nalika wontên kasangsaran, botên cêkap dipun alêmbana tuwin dipun ganjar kemawon, ugi prêlu dipun pèngêti ingkang badhe botên ical-ical, mila lajêng ngawontênakên sela tôndha pangèngêt-èngêt tuwin kadamêlakên manara alit. Ing kala punika nyonyah gupêrnur lajêng masang sela dhêdhasaring manara ingkang kawitan. Têtiyang ingkang tampi ganjaran tuwin pangalêmbana nama: Kastibin, Mêrtatuwa, Pak Mat, Sardib, Pak Atun, tuwin Sabrang. Dhawahing pangalêmbana wau dipun saksèni ing para pangagêng tuwin tiyang kathah.

Têtiyang ingkang tampi ganjaran lajêng sami dipun timbali satunggal-satunggal. Ingkang rumiyin piyambak Kastibin, ingkang mitulungi tiyang 52, ngantos kasupèn dhatêng bêbaya ingkang nêmpuh dhatêng badanipun piyambak. Kastibin punika umur-umuranipun 45 taun, tampi ganjaran baita dalah sêratipun palilah tuwin arta f 10.-

Martatuwa, umur-umuran 60 taun, sampun suda pamirêng, sagêd mitulungi tiyang 30, tampi

--- 1210 ---

ganjaran baita nama Kapitein dalah sêratipun palilah tuwin arta f 10.-.

Pak Mat, umur-umuran 35 taun, dipun paringi dening tuwan gupêrnur baita nama Luitenant.

Sardib, mitulungi têtiyang 20, tampi baita alit kalih dalah sêratipun palilah, sêrat pangalêmbana tuwin arta.

Pak Atun, mitulungi tiyang 17, tampi ganjaran baita alit kalih dalah sêratipun palilah, sêrat pangalêmbana tuwin arta.

[Grafik]

Gambar nginggil têngên: Residhèn Nieuwenhuyêen nuju mêdhar sabda. Ngandhap sisih kiwa: têtiyang nêm ingkang sami angsal ganjaran baita. Têngên: Gupêrnur Van der Plas nalika masrahakên sêrat pèngêtan ingkang sampun dipun tapak astani.

Sabrang umur 25 taun, mitulungi tiyang 21. Tampi ganjaran baita nama Matroos tuwin Arum dalah sêratipun palilah tuwin arta.

Kajawi punika taksih kathah tiyang ingkang tampi ganjaran arta, kalêbêt lare ingkang sawêg umur 13 tuwin 14 taun.

Sasampunipun punika, Tuwan De Jong, wêwakilipun K.P.M. mêdhar sabda ingkang suraosipun ngalêmbana dhatêng lêlabêtanipun têtiyang ingkang sami nindakakên pitulungan, tumindakipun tanpa pilih-pilih bôngsa, sadaya dipun anggêp sami kemawon.

Sarampunging prêlu sadaya, ing ngriku lajêng kawontênakên wilujêngan agêng-agêngan, tuwan gupêrnur ugi anjumênêngi. Salajêngipun para agêng-agêng tuwin para tamu lajêng dipun sugata wontên ing griyanipun asistèn wadana ing Brondong. Dene ing papanipun tiyang kathah, sasampunipun wilujêngan, dipun sambêti suka-suka.

Ing bab kawontênanipun dhusun Brondong, kintên-kintên badhe dipun èngêti ing tiyang salami-laminipun, tandhaning dalu awarni manara tansah badhe ngèngêtakên dhatêng sintên kemawon ingkang nyumêrêpi dhatêng kawontênanipun.

--- 1211 ---

Bab Kasarasan

Bab sêsakit edaning sêgawon (hondsdolheid).

Sambêtipun Kajawèn nomêr 74.

Presidhèn Republik Thiers saking Paris anggandhèng Tuwan Pasteur dipun lênggahakên ing papan nginggil piyambak jèjèr kalihan panjênênganipun.

Dr. Lister majêng ing sangajêngipun Tuwan Pasteur mêdhar sabda: atasnamanipun têtiyang nagari Prancis tuwin têtiyang saking Eropah: kula ngaturi kasugêngan dhatêng Tuwan Pasteur.

Tuwan Pasteur muwun, pangandikanipun adharêdhêg: Lister... Lister priyantun luhur ...

Priyantun wêwakilipun nagari Rus ingkang dêdêgipun agêng inggil saha brewok majêng ing sangajêngipun Tuwan Pasteur ngasta pita sutra mawi bintang ronyok barliyan, saha lajêng mêdhar sabda:

Tuwan Pasteur, atasnamanipun nagari Rus kula ngêmban dhawuhing ratu paring kasugêngan saha nglairakên sangêt panarimah bab pitulungan panjênêngan dhatêng têtiyang dhusun ingkang saking nagari Rus. Sarèhning sang prabu anggalih sakalangkung agêng pitulungan panjênêngan wau, ingkang punika sang nata paring satunggiling tôndha bintang (mêndhali), kenging dipun agêm minôngka pangèngêt-èngêt ...

Tuwan Pasteur mirsani kathahing têtiyang ing sangajêngipun kadosdene mirsani pêdhut arêmêng-rêmêng, awit saking kathahing têtiyang ingkang sami dhatêng saking pundi-pundi. Dene ingkang cêtha katingalan namung putranipun Annette sakalihan Dr. Martel tuwin ingkang garwa Marie miwah Dr. Roux punapadene mitra-mitranipun ingkang suwau dados mêngsah lan botên pitados bilih Tuwan Pasteur sagêd manggihakên wontêning kruma (baksil) ing pundi-pundi panggenan.

Tuwan Pasteur ngraos angèl anggènipun badhe ngandika:

Kula rumaos botên sagêd matur, ngaturakên gênging panuwun dhumatêng... (mirsani ing balkon nginggil kathah neneman student-student dhoktêr-dhoktêr utawi sanèsipun) ... para priyantun dhoktêr utawi priyantun sanèsipun langkung-langkung dhumatêng wakil nata ing nagari Ruslan, Presidhèn Republik Prancis, tuwin Tuwan Dr. Lister.

Tumraping ngakathah kula namung sagêd ngaturi ancêr-ancêr bab tiyang nyambutdamêl kados ingkang kula alami punika, tiyang nyambutdamêl kêdah têmên lan milih ingkang sagêd migunani dhatêng tiyang kathah, yèn wontên pambêngan sawatawis sampun kêmba utawi gêla, sampun lajêng kèndêl, nanging kêdah lajêng, sanadyan wontên ingkang nacad tuwin wontên ingkang ewa sampun ngantos karaosakên, awit sadaya padamêlan ingkang sae ingkang migunani dhatêng ngakathah punika adhakan kathah godhanipun. Sadaya padamêlan ingkang katindakakên kêdah wontên pitakenan ingkang tuwuh saking sarira piyambak, punapa padamêlan punika wontên paedahipun utawi migunani dhatêng ngakathah, punapa botên. Yèn sampun sagêd nêtêpakên bilih padamêlan wau maedahi dhatêng tiyang kathah, têmtu ing têmbe angsal [angsa...]

--- [1212] ---

[...l] kasaenan, manawi pancèn têmên-têmên, lan srêgêp pangudining padamêlan punika, kadosdene tiyang nanêm yèn dipun talatosi lan dipun opèni, wêkasan mêsthi manggih wohipun, ingkang sagêd mahanani dhatêng kabingahan utawi lêganing manah. Mila para dhoktêr punapadene calon dhoktêr mugi-mugi sami kagungan panggalih ingkang sabar utawi sarèh, nyambutdamêlipun ingkang têmên lan srêgêp, ing têmbe têmtu sagêd manggih wohipun ingkang sae ... wasana ...

Amargi saking sayahipun Tuwan Pasteur botên sagêd ngandika malih lajêng muwun.

Pakêmpalan surak: sugêng sugêng Tuwan Pasteur.

R. Sumadirja, Ind. Arts. Sêmarang.

Sêsorah ing Radhio saking Bale Pustaka

Benjing-enjing sontên, dintên Ngahad tanggal 26 Sèptèmbêr 1937, wanci ½ 8 dumugi jam 8, Bale Pustaka ngawontênakên sêsorah ing Radio Nirom 2 golflengte 190, ing bab Bayan Budiman, ingkang mêdhar sabda Tuwan Aman Dt. Madjoindo.

Bab Buku

Redhaksi sampun tampi buku 1 Wêsiaji, rêgi f 0.50, 2 Panitikatga, rêgi f 0.60, 3 Curiga Dhapur, rêgi f 0.55 saking Radèn Wakija, toko buku ing Pasar Pon, Surakarta.

Buku wau mratelakakên bab nama tuwin aslining tosan, tuwin awon saenipun bab tangguhing dhuwung, tuwin bab dhapuring dhuwung. Sami aksara Latin.

Isinipun buku wau prêlu sangêt dipun uningani para ahli dhuwung.

Buku punika Bale Pustaka botên sade.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên gênging panuwun.

Saking Syanghai dhatêng Tanah Ngriki

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun bôngsa Tionghwa saking Syanghai, ingkang kalêbêt rakyat karajan Walandi, sami ngungsi dhatêng tanah ngriki dumugi ing Tanjung Priuk numpak kapal "Cisarua", kapapag dening para kulawarganipun punapadene para lid komite ingkang dipun pangarsani dening Tuwan Mayor Khouw Kim An, ing Bêtawi.

--- 1213 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI

Barang-barang kina ing lêlêngkèhing rêdi Lawu. Dèrèng dangu ing Ngrambe wontên tiyang manggihakên barang-barang kina. Ing bab punika lajêng dipun udi panunggilanipun dening pangrèhpraja, ingriku kênyatan sagêd manggihakên malih wontên lêlêngkèhing rêdi Lawu, malah langkung kathah. Ing dhusun Sambirêjo wontên tiyang manggihakên sela-sela ingkang ing kinanipun kintên-kintên prabot griya. Ing Tawangrêjo wontên papan tilas pasiraman sela tuwin sela-sela tilas candhi. Ing pakaranganipun lurah dhusun ing Ngrayudan pinanggih wontên kulah, sarêng kadhudhuk ing sanès panggenan pinanggih wontên urung-urung panjangipun 20 m. Miturut dêdongengan, pipa wau sambêt kalihan Têlaga Pasir bawah Magêtan. Ing sacêlakipun Giriharjo pinanggih wontên rêcanipun naga. Ing sapinggir dhusun Sidorêjo pinanggih wontên rêcanipun kalih, awarni Durga tuwin Siwah. Ing bab punika sampun kalapurakên dhatêng pakaryan babagan barang kina.

Baita Rupêlin dumugi Tanjung Priok. Wontên wartos, baita Rupêlin mêntas dumugi ing Tanjung Priok, sami dipun lampahakên dening bangsa Makasar. Baita-baita ingkang dhatêng ingriku punika sami mbêkta momotan bungkil. Salajêngipun bidhal saking ngriku ambêkta momotan sanès.

Lampah anggêgana saking tanah Jawi dhatêng Makasar. Parentah saèstu nêtêpakên wontêning lampah anggêgana saking tanah Jawi dhatêng Makasar, kawiwitan wontên ing tanggal 27 wulan punika. Lampahing motor mabur karikatakên, upami bidhalipun saking Cililitan jam 7.30 enjing, sagêd sambêt kalihan motor mabur saking Bandung, têrus nglajêngakên lampah dhatêng Surabaya. Wontên Surabaya kèndêl ½ jam, jam 1 siyang sampun dumugi Makasar. Waragading lampah namung f 95. manawi wongsal-wangsul f 160.-.

Para dokter bangsa Tionghwa ing Surabaya ambiyantu jampi. Jalaran saking wontêning wartos bilih paprangan ing Tiongkok kêkirangan jampi bangsaning pêrban sapanunggilanipun, ing Surabaya wontên pakêmpalaning para dokter badhe nindakakên pitulungan awarni jampi sapêrlunipun. Namung bab caraning ngintunakên taksih dados rêmbag, amargi lampahing kintunan wau pakèwêd. Pinanggihing rêmbag badhe dipun bêkta ing dokter ingkang dhatêng Tiongkok.

Inggah-inggahan, ingsêr-ingsêran tuwin dipun kèndêli. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi-Wetan, Tuwan Mohamad Sabiri asistèn wêdana paresidhenan Madiun, dados asistèn wêdana paresidhenan Malang. R.M. Soebandi alias R.M. Soemosepoetro, asistèn wêdana paresidhenan Bojonêgoro, dados asistèn wêdana paresidhenan Madiun, Tuwan Wirjokoesoema, mantri pulisi klas 1 paresidhenan Bojonêgoro, dados asistèn wêdana klas 2 paresidhenan Bojonêgoro, R. Tjokrosoedirdjo, wêdana ing Kampak, kabupatèn Tulungagung, paresidhenan Bojonêgoro, M. Soeradi ugi nama M. Soerodiwinoto, wêdana ing Rêngêl, dados wêdana ing Kampak. Tuwan Sastroredjo, asistèn wêdana paresidhenan Malang, dados asistèn wêdana paresidhenan Bêsuki. Tuwan Astrowidjojo, mantri pulisi klas 1 paresidhenan Bêsuki, dados asistèn wêdana klas 2 paresidhenan Malang. Tuwan Djojodiwirjo, jurusêrat klas 1 paresidhenan Bêsuki, dados mantri pulisi paresidhenan Bêsuki. Tuwan Soekandar wd. asistèn wêdana paresidhenan Surabaya, kakèndêlan saking padamêlanipun, amargi kalêpatan, nanging kèndêlipun wau taksih angêntosi karampungan kanthi urmat utawi botên.

[Iklan]

Tuwan F.E. Groeneveld kasingkirakên. Awit saking kaparêngipun Parentah, tuwan F.E. Groeneveld, rumiyin kuwu ing Cirêbon ingkang sampun kasumêrêpan ingakathah, kasingkirakên saking Cirêbon dhatêng Surabaya, pêrlu kangge anjagi tata-têntrêm umum.

Prangko ingkang badhe botên pajêng. Miturut wartos saking pangagêng Pakaryan Post, sasampunipun tanggal 31 December 1937, wontên prangko ingkang botên pajêng malih, inggih punika prangko wêdalan taun 1912 ingkang rêginipun kaêcap wontên ing buwêngan warni pêthak, rêgi 3 sèn, ulêsipun ijêm, tuwin rêgi 10 sèn, ulêsipun wungu. Prangko wêdalan taun 1913 mawi gambardalêm Sri Bagendha Maharaja Putri, angajêngakên sagantên mawi kapal api, rêgi 15 sèn, ulêsipun biru tuwin ingkang rêgi 20 sèn, ulêsipun kapuranta. Dumugining tanggal 31 December 1937 prangko wau taksih kenging kalintokakên kalihan prangko sanès sasaminipun, botên kanthi ambayar punapa-punapa, dhatêng kantor pos pundi-pundi, bijpostkantoor tuwin hulppostkantoor, nanging botên kenging kalintokakên kalihan êegel tuwin arta. Sasampunipun tanggal 31 December 1937 manawi wontên sêrat-sêrat ingkang kacêmplungakên ing bus pinanggih mawi prangko wau, sêrat-sêrat wau dipun anggêp kadosdene botên mawi prangko, utawi dipun anggêp botên nyêkapi prangkonipun.

Panjêblugipun kapal Manvantara. Ingajêng sampun nate kawartosakên bab panjêblugipun kapal Manvantara, inggih punika nalika labuh wontên sacêlakipun palabuhan ing Surabaya. Ingriku kathah tiyang ingkang sami nêmahi tiwas. Sarêng bab punika dipun priksa punapa ingkang andadosakên sababipun, lajêng wontên pangintên jalaran saking wontên tiyang ingkang migunakakên dilah kangge nitipriksa dhatêng perangan ngandhap panggenaning pasimpênan lisah, ingkang lêrêsipun dilah wau namung kenging dipun angge wontên ing perangan jawi kemawon.

Wulangan tukang batu. Gemeente ing Bêtawi ngusulakên supados pamulangan patukangan ing Kampung Jawa dipun wontêni piwulang tukang batu, amargi pinanggihipun wontên jaman sapunika, padamêlan wau pêrlu dipun ajêngakên.

Gamêlan ing Museum. Bataviaasch Genootschap gadhah usul dhatêng Gemeente, supados nyukani urunan arta kangge waragad panabuhipun gangsa ing Museum sabên wulan, sataunipun f 240.-.

Pamulangan luhur Pangadilan. Lulus doctoraalexamen perangan tiga, R. Roosdiono.

--- 1214 ---

[Grafik]

Kêbêsmèn ing Donggala. Inginggil punika gambar kêbêsmèn ing Donggala, Sêlêbês, ing wanci dalu watawis jam 2. Griya ingkang rêmuk dados awu wontên 35 wuwung, mênggahing kapitunan kataksir f 60.000.-.

Pamulangan luhur Dokter. Lulus artsexamen perangan kapisan R.M. Soemedi.

Layaran ngangge bandera Jêpan. Kapal Italie Burma, gadhahanipun Lloyd Triestino mêntas labuh ing palabuhan Tanjung Priok ngangge bandera kongsi Jêpan Nanyo Kaium Kabushiki Kaisha. Wontênipun kapal wau ngangge bandera makatên, jalaran, saking kêkirangan kapal, awit kapal Jêpan piyambak pêrlu kangge ngusungi wadya Jêpan dhatêng Tiongkok. Ing bab punika anjalari wontênipun lampah layaran saking Jêpan dhatêng tanah ngriki katindakakên namung sabên tigang minggu sapisan.

Pogokan ing Selebes. Miturut wartos wontên kuli bangsa Toraja ing Sadangwerken Selebes cacah 1200 sami mogok, jalaran sami rumaos botên sênêng anggènipun dipun tagih arta pajêg. Ingkang wajib lajêng nindakakên papriksan.

Pisungsung katur Sripaduka Rajaputri Juliana tuwin Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana. Sampun sawatawis dintên wontên utusandalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogya B.P.A. Djojokoesoemo tuwin B.P.A. Hadinagoro dhatêng Bogor, pêrlu ngaturakên album gambar dipun kanthèni cariyos ringgit lampahan Ciptaning Mintaraga. Album wau cacah kalih, satunggal katur Sripaduka Rajaputri Juliana, satunggalipun katur Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana. Cariyos Ciptaning Mintaraga wau lêlangên ringgit tiyang ingkang dipun pitongtonakên anyarêngi kala pikramèndalêm Sripaduka Rajaputri Juliana, ingkang katindakakên dening para pangeran tuwin para santanadalêm. Wadhahing album wau pêthi kajêng dipun ukir-ukir.

Angsal-angsalanipun N.I.S. Miturut cathêtan, angsal-angsalanipun N.I.S. salêbêtipun wulan Augustus kêpêngkêr wontên f 810.000.-. Angsal-angsalanipun wiwit Januari dumugi Augustus wontên f 5.115.000.-.

Nyalingkuhakên barang rêrêgèn f 50.000.-. Satunggiling tiyang èstri ing Surakarta nama Nyi. D.W. padamêlan para, nyalingkuhakên barang kêmpitanipun rêrêgèn f 50.000.-. Sarêng bab punika dipun lapurakên ing pulisi, lajêng sagêd nyêpêng tiyangipun. Nalika dipun priksa ngakên bilih barang-barang wau sampun dipun gantosakên, pêrlu kangge nyampêti kapitunan barang-barang ingkang sampun dipun sade. Sarêng ing griyanipun dipun gledhah, pinanggih wontên sêrat gantosan 300 lêmbar.

Nanggulangi sêsakit klapa. Ing wêkdal punika ing Bantên tuwuh sêsakit klapa, ing bab punika lajêng dipun tanggulangi kanthi jampi ingkang nama Derris, inggih punika bangsaning jênu, pinanggihipun sagêd katingal sae. Tindak wau lajêng sagêd mênggak panyêgah ingkang sarana nêgori witipun.

Restaurant darma ingkang nglêgakakên. Ing Medan mêntas wontên bikakan restaurant ingkang angsal-angsalanipun pêrlu kangge darma dhatêng Tiongkok. Salêbêtipun kalih dalu angsal-angsalanipun f 4000.-, dalunipun malih angsal 2000 dollar Tiongkok. Salah satunggiling nyonyah ingkang jajan ingriku ambayar 500 dollar Tiongkok. Wontên malih ingkang ambayar f 100.- kanthi pandha supados arta wau katumbasna padagangan malih lajêng kasade. Kajawi punika wontên malih satunggiling nyonyah namung ngombe mbayar f 15.- tuwin masrahakên sêsupe ingkang dipun angge dhatêng comite restaurant wau.

Unta ing Kêbonraja Surakarta. Ing Kêbonraja Sriwêdari, Surakarta, badhe wontên unta asli kintunan saking Jedah. Nanging sarèhning pambêktanipun kewan wau riwil sangêt, tuwin badhe kacobi cocog tuwin botênipun kalihan hawa ingriki, pambêktanipun badhe kaatos-atos sangêt, tuwin sadumuginipun Surakarta badhe kalêrêmakên rumiyin.

ASIA

Sêrat kabar ingkang kina piyambak. Ingajêng sampun nate katiti bilih sêrat kabar ing sadonya ingkang sêpuh piyambak nama sêrat kabar Tsoeig Pao, ingkang dipun wêdalakên dening Nata ing Tiongkok, inggih punika kala 2500 taun kêpêngkêr. Ing sapunika miturut wartos ing pasarean-pasarean kina ing Mêsir, sarêng dipun titipriksa pinanggih wontên gulungan dlancang Papyrus ingkang isi sêratan asuraos pakabaran kala jamanipun para Nata ing jaman kina, pinanggihing pêpetangan taun, langkung sêpuh tinimbang sêrat kabar ingkang kacariyos ingajêng.

EROPA

Motor mabur nêmpuh kapal pêrang Inggris. Wontên wartos, pangagêng babagan lautan Inggris suka sumêrêp, bilih wontên motor mabur ingkang botên kasumêrêpan gadhahanipun nagari pundi andhawahi bom kapal pêrang Inggris Fearless, ingkang nuju nganglang wontên pasisir Sêpanyol sacêlakipun Giyon. Kapal pêrang Inggris wau botên manggih karisakan punapa-punapa, dene motor mabur lajêng ical botên kantênan.

Sêpanyol nyêrêg dhatêng Volkenbond. Parentah Sêpanyol gadhah panêdha dhatêng Volkenbond, supados nganggêp bilih Jêrman tuwin Italie nêmpuh Sêpanyol, saha salajêngipun angêmorana damêl bab punika. Kajawi punika Sêpanyol gadhah panêdha supados sawarnining tiyang ingkang sanès bangsa Sêpanyol, sami kaundanga wangsul dhatêng nagarinipun piyambak-piyambak. Makatên malih panguwaosipun parentah Sêpanyol ing Valencia kaewahana kakengingakên tumbas pirantos pêrang, tuwin prajanjian babagan sagantên Têngah ingkang sampun sami dipun tandha-tangan wontên ing Nyon ugi katindakakên tumrap kapal-kapal gadhahanipun parentah Sêpanyol.

--- 1215 ---

Wêwaosan

II. Lêlampahanipun Dhobrinya.

15

Wiwit dintên kasêbut ing ngajêng ingkang tansah dados angên-angênipun Dhobrinya botên sanès kajawi: Dèwi Natasiyah, prajurit wanita ingkang misuwur mênggahing kaprawiranipun wau, nanging ing bab punika piyambakipun botên purun cariyos dhatêng sintên-sintên, dalasan dhatêng ingkang ibu piyambak kemawon inggih mêksa botên purun. Ing wusana Dhobrinya botên sagêd ngampah malih mênggahing kapenginipun pinanggih kalihan wanita wau. Lan ing satunggiling dintên, enjing umun-umun, Dhobrinya sampun bidhal saking griyanipun tanpa rencang, prêlu badhe ngupadosi prajurit èstri, ingkang kacêluk endah ing warni punika.

Kesahipun Dhobrinya wau sampun angsal sawatawis dintên, ewasamantên dèrèng sagêd pinanggih kalihan ingkang dipun upadosi. Ing kala punika Dhobrinya sampun anggadhahi kuwatos, bokmanawi botên badhe sagêd pinanggih, lan tuwuh gagasan ing sanubarinipun, bilih sang putri punika kintên-kintên sampun krama saha sampun botên mêdal malih saking dalêmipun, kajawi ngêmungakên nêtêpi anggènipun nyêpêng bale griya. Amila mênggah gagasanipun Dhobrinya kados langkung sae manawi lajêng wangsul kemawon dhatêng ing Kiyèf. Nanging manahipun kadosdene wontên ingkang anênarik kapurih ngênêr mangilèn. Ingkang punika Dhobrinya botên têka lajêng wangsul dhatêng Kiyèf, malah anglajêngakên lampahipun. Ing kala punika dumadakan Dhobrinya andêngangi tapaking kapal. Tapak wau lajêng katurut, lan botên watawis dangu kaprênah ngajêng, Dhobrinya sumêrêp wontên tiyang numpak kapal pêplajêngan. Dhobrinya enggal anututi. Sarêng sampun cakêt saha sagêd nyumêrêpi sintên ingkang numpak kapal wau, gumunipun Dhobrinya tanpa upami. Jalaran tiyang ingkang numpak kapal punika jêbul mangangge-angge cara wanita. Kanthi suwara sora, Dhobrinya ambêngoki makatên: Kèndêl, kèndêl, sintên panjênêngan. Nanging pitakènipun wau botên dipun wangsuli.

Anggènipun Dhobrinya pitakèn wau ngantos dipun wongsal-wangsuli rambah-rambah, nanging tiyang numpak kapal ingkang mangangge cara èstri wau kèndêl kemawon, ngêmungakên anglajêngakên lampahipun. Ingkang makatên punika saya adamêl gumuning manahipun Dhobrinya, saha lajêng tuwuh gagasanipun, bilih tiyang ingkang numpak kapal punika, sanès bangsaning manusa limrah, nanging sagêd ugi bangsaning jim, pêri utawi prayangan. Dhobrinya lajêng anyakêti tiyang ingkang numpak kapal wau, salajêngipun nuntên nyandhak gadanipun saha kadhawahakên ing sirahipun tiyang numpak kapal ingkang ngemba wanita wau. Nanging ingkang katamanan ing gada, botên dhawah saking kapalipun, malah mengo kemawon botên, namung anglajêngakên lampahipun kadosdene botên katamanan punapa-punapa.

Dhobrinya saya gumun ing manah, lan ing batos anguda raos makatên: I, ladallah kêtanggor aku, apa aku pinaringan wis ilang kabèh kêkuwatanku.

Dhobrinya enggal-enggal amurugi wit-witan agêng, lan gadanipun wau lajêng katamakakên. Kanthi suwara ingkang rame sangêt, sanalika punika twittittanwit-witan. rungkat dhawah ing siti. Ing ngriku Dhobrinya mangrêtos, bilih kêkiyatanipun botên suda babarpisan. Salajêngipun nuntên enggal-enggal nututi tiyang numpak kapal wau, gada katamakakên ing sirahipun malih, nanging kados ing sakawit, ingkang numpak kapal wau botên dhawah, malah mengo kemawon ugi botên, Dhobrinya lajêng angêmpalakên kêkiyatanipun, lan kaping tiganipun Dhobrinya andhawahakên gadanipun sakiyat-kiyatipun ing sirahipun ingkang numpak kapal, sanadyan rêdi sela pisan, saupami kadhawahan gadanipun Dhobrinya ingkang dipun tamakakên kanthi sarosanipun wau, têmtu ajur mumur. Nanging botên makatên, tiyang ingkang numpak kapal wau, ing sêmu kadosdene botên dipun raosakên. Sarêng panggadanipun Dhobrinya jangkêp kaping tiga, sawêg kemawon ingkang numpak kapal wau nolèh saha kalair têmbungipun makatên: E, dilalah têmên, dakarani aku iki mau dicokoti lêmut, ora ngrêtia yèn sawijining satriya bôngsa Rus kang namani gaman nyang aku.

Kalihan cariyos makatên wau, tiyang numpak kapal ujug-ujug nyandhak Dhobrinya, ingkang lajêng kasèrèt saking kapalipun, saha kalêbêtakên ing kanthongan ingkang cinanthelakên ing kapalipun piyambak. Nanging ingkang makatên wau ing sêmu botên adamêl rênaning kapalipun, ingkang sanalika lajêng nyuwara makatên:

Dhuh, bandara kula Dèwi Natasiyah, kula rumaos botên kiyat ambêkta prajurit kalih. Manawi satriya punika botên tumuntên kawêdalakên saking kanthongan punika, kintên-kintên kula sagêd pêjah dhawah ing siti.

Dèwi Natasiyah mituruti panêdhaning kapalipun saha lajêng cariyos makatên :

--- 1216 ---

Satriya, sajatosipun kula dèrèng sumêrêp mênggah wujud panjênêngan. Samangke badhe kula wêdalakên saking kanthongan punika. Ing sarèhning panjênêngan sampun miawon dhatêng kula, tanpa wontên sabab punapa-punapa, nêdya kula, manawi panjênêngan sêpuh, niyat badhe kula tigas jôngga panjênêngan, manawi taksih anèm, badhe kula dadosakên tawanan kula, nanging manawi wujud panjênêngan punika dados cocoging manah kula, kula sagah dados garwa panjênêngan.

Nanging sarêng sang putri sumêrêp dhatêng ingkang dados tawananipun, kagètipun tanpa upami, sarta lajêng kalair têmbungipun makatên:

E, têka botên ngintên babarpisan, dados panjênêngan, sadhèrèk Dhobrinya.

Dhobriya gumun saha pitakèn: Putri ingkang endah ing warni, kula aturi ngandika, punapaa panjênêngan têka priksa dhatêng kula, ing môngka salaminipun kula dèrèng nate sumêrêp dhatêng panjênêngan.

Dèwi Natasiyah amangsuli: Satriya, mênggah sajatosipun, kula punika asring sangêt wontên ing kitha Kiyèf, lan wontên ing ngriku kula ugi asring sangêt sumêrêp dhatêng panjênêngan, nanging panjênêngan piyambak botên nate uninga dhatêng kula. Inggih jalaran ingkang makatên punika, amila kala wau kula ujug-ujug sumêrêp sintên mênggahing panjênêngan punika. Kula botên mangrêtos punapa panjênêngan sampun priksa dhatêng kula. Manawi dèrèng, kados langkung prayogi manawi samangke kula blakani. Mênggah sajatosipun, kula punika anakipun Mikula. Bapak punika anakipun kalih èstri sadaya, ingkang sêpuh samangke sampun emah-emah, dene ingkang anèm inggih kula punika. Dene padamêlan kula rintên dalu, punika botên sanès, kajawi namung anjajah ngidêri ing papan ingkang wingit lan wêrit, punapadene ingkang sêpên, srêluprêlu. ngupados mêngsah, ingkang purun aprang tandhing ijèn sami ijèn kalihan kula, sintên ingkang sagêd ngawonakên kula, punika ingkang kula akêni, pantês dados jatukrama kula. Dumadakan samangke kula kapanggih panjênêngan ijèn sami ijèn. Lan dumadakan wujud panjênêngan punika amranani manah kula, amila panuwun kula dhatêng panjênêngan, punapa panjênêngan krêsa kula ladosi, dene manawi panjênêngan nampik punapa ingkang dados panuwun kula wau, môngga sami aprang tandhing, ngantos salah satunggal dhawah ing tiwas. Awit salajêngipun ing donya punika jiwanipun badhe kêkathahên satunggal, amila punapa panjênêngan ingkang kêdah seda, punapa kula ingkang kêdah tiwas.

Dhobrinya amangsuli alus: Dhuh, putri ingkang endah ing warni, kula botên ajrih aprang tandhing kalihan panjênêngan. Sabab manawi ngantos dhawah ing pêrang tandhing ijèn sami ijèn, kados dèrèng sagêd katêmtokakên sintên ingkang badhe unggul juritipun. Nanging anggèn kula lêlana ngantos dumugi ing ngriki punika, sêdya kula botên sanès kajawi ngupadosi dhatêng panjênêngan, prêlu badhe kula taros punapa panjênêngan krêsa dados têtimbangan kula. Ing sarèhning kula tuwin panjênêngan sampun sami cocogipun, kados botên prêlu ing samangke ngawontênakên pêrang tandhing, kados cêkap bilih kula kêkalih sami prasêtya dhatêng Ingkang Murbèng Kuwaos, nêdya gêsang sêsarêngan sarana sami sêtyanipun ngantos dumuginipun kapundhut ing pangayunaning Pangeran.

Sasampunipun kalih-kalihipun sami prasêtya nêdya dados salakirabi ngantos dumugi ing pêjahipun, lajêng sami bidhal nuju dhatêng Kiyèf. Wontên ing ngriku sêdyanipun pun Dhobrinya badhe nyuwun kanthi pangarih-arih dhatêng ingkang ibu, supados ingkang ibu krêsaa aparing idi tuwin bêrkah anggènipun Dhobrinya badhe dhaup kalihan Dèwi Natasiyah wau.

Ing ngriki kados prêlu kacariyosakên sakêdhik mênggah ingkang dados kapitadosanipun tiyang bôngsa Rus tumraping alakirabi. Tumrapipun bôngsa Rus, pitados sangêt bilih alakirabi punika badhe wilujêng tanpa manggih aral punapa-punapa ing salami-laminipun, manawi badhenipun dhaup wau, kanthi palilah punapadene bêrkahipun tiyang sêpuh. Kosokwangsulipun, inggih punika: tanpa palilah tuwin brêkahipun tiyang sêpuh, anggènipun alakirabi inggih badhe amanggih sangsara.

Makatên mênggahing kapitadosanipun tiyang bôngsa Rus tumrap alakirabi. Inggih dhêdhasar kapitadosan ingkang makatên punika, amila Dhobrinya daya-daya tumuntêna sagêd pinanggih kalihan ingkang ibu wau. Dene mênggah ingkang ibu, ing batos sajatosipun rumaos kacuwan ing panggalih, sarêng mirêng aturipun ingkang putra supados kalilahana dhaup kalihan Dèwi Natasiyah wau. Awit ing salêbêtipun panggalih, ingkang ibu tansah kagungan pangajêng-ajêng, sagêda ingkang putra dhaup kalihan Dèwi Pujatisna utawi putrai darahing nata sanès-sanèsipun. Ewasamantên ingkang ibu botên krêsa angalang-alangi ingkang sampun dados pikajênganipun ingkang putra, saha lajêng aparing palilah tuwin brêkah.

Sasampunipun sang kêkalih wau kaijabakên, ing dalêmipun Dèwi Apimyah lajêng kawontênakên pahargyan agêng-agêngan laminipun sakawan dintên, ingkang dipun jumênêngi dening para luhur ing Kiyèf sadaya. Saking ramening karamean, ngantos pintên-pintên dintên laminipun, tansah dados sêkar lathining tiyang saindênging praja.

Badhe kasambêtan.

--- 149 ---

No. 38, taun VIII

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI: BU-MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM REGANE SATAUN F 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

MANGSULI LAYANG

As p/a Dr. R. Soewarsa, Tumênggungan M.N., Solo. Pambatangmu sandi pêpêthan bênêr. Bangêt sênêngku, dene kowe mêrlokake ngirimi layang ibumu lan ngirimi karangan dongèng.

Soejati, Gêdhangan. Kirimanmu têmbang wis daktampa kanthi bungahing atiku. Wah dadi kowe êntas ribut nonton Pasar-Malêm ing Tulung-Agung. La wis kaping pira anggonmu mênyang ''Ngèsti Pandhawa'', Ti ndak iya apik bangêt. Aku durung tau wêruh wayang wong Ngèsti Pandhawa. Ing Bêtawi saiki lagi ribut ana kêthoprak Mardi Wandhawa, kuwi ya apik lan ibumu uga wis nêksèni dhewe sapisan. Kapan Ti, kowe têka ing Bêtawi?

Soelastri p/a Djajawirana, Mangkubumèn, Solo. Bangêt panrimaku kokirimi karangan lêlagon.

Marwata p/a K. 1909 ing Magêlang. Bangêt bungahku, dene kowe ngirimi layang têtêpungan lan uga isi karangan nyang bu Mar. Ananging aja pisan dadi atimu ya, karangane ora bisa kapacak, coba ta gawea manèh apa dêdongengan utawa liyane kang anêngsêmake. Samono yèn kowe lagi pinuju kobêr sarta dhangan atimu.

O, iya, ta, aja samar, bu Mar pancèn ya wedok têmênan, dudu wedok ethok-ethokan, dene omong kathik kaya omonge wong lanang kuwi ya mung saka pangrasamu dhewe bae, awit kowe tansah ora ngandêl, yèn bu Mar iku ana têmênan. Ya wis ta bêcike têkaa bae nyang Bungur Jawa No. 8.

Im. Sj. O., Purbalingga. Lêlagon kanggo T.B. wis daktampa, ora liya bangêt panrimaku.

Titiek, Borneostraat 3 A. Madiun. Aku bungah bangêt kowe kok mêrlokake ngirimi layang pitêpungan nyang bu Mar lan nandhakake kasênênganmu maca Taman Bocah. Kangmasmu sing sêkolah ana ing Bêtawi kuwi sapa ta? Kok ora tau têka nang nggone bu Mar. Kapan Titiek kowe têka ing Bêtawi tilik kangmasmu ngiras tilik bu Mar?

Soewardja, Sidarêja. Kirimanmu lêlucon wis daktampa, bangêt panrimaku.

Pendjol, Malang. Bangêt panrimaku kokirimi gambar lan lêlucon.

Timan, Surabaya. Sêmbah pangabêktimu wis daktampa kanthi bungah, lan lêlagon uga wis kêtampan. Sukur ta yèn kowe wis wuwuh sêdulurmu, dadi têlu (Soedjiman, Soebroto lan Soedjijo). Muga-muga langgênga anggonmu padha sêduluran.

R.A. Soepiatdjinah. L.L.H.I.S. Ciseru, Halte Cipari. Ach Soepi, apa iya bu Mar lali karo kowe. Dhèk biyèn layangmu rak wis dakwangsuli, apa ora kokwaca? Dadi kowe êntas plêsir nyang Surakarta lan nginêp nang dalême Oom Soet lan tante Siet. Kapriye mungguh kaanane ing kono? Aku durung têpung karo priyayi loro iku.

Wah adhimu kok akèh têmên, apa ya milu kabèh, ndah kaya apa ramene! Kowe takon, Rênggowati iku putrane sapa, êmbuh ya aku ora ngêrti, awit ing layang dhèwèke ora nyaritakake, mung anêpungake lan ngirimi karangan. Wis ya Soepi, pangabêktiku nyang rama ibumu lan salamku nyang adhi-adhimu kabèh. Yèn kowe arêp ngirimi karangan kanggo T.B. ditulis ing postblad ya bêcik, upama karangan dilêbokake ing amplop, nanging amplope aja ditutup (dilim), njabane ditulisi document, kuwi ya luwih murah manèh.

Soebroto p/a M.P. Djojomanarsa, Kadipira, Kasikan, Jokja. Wis lawas aku ora krungu kabarmu, lagi saiki. Karanganmu bab wiwitane ana pari wis daktampa, nanging aja pisan dadi atimu, ya, ora bisa kapacak, awit ora ngêrtèkake babarpisan. Coba, To, gawea karangan liyane manèh sing apik, dêdongengan kang lucu-lucu utawa babad-babad.

Soedibijantoro, Glenmore. Bangêt panrimaku kowe mêrlokake kirim layang têtêpungan lan uga ngirimi karangan lêlucon utawa obrol-obrolan. Lêlucone rada apik, dene obrol-obrolan ora bisa kapacak, awit wis kaprah, muga aja ndadèkake sêriking atimu sarta aja kapok ngirimi layang.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

bu Mar.

--- 150 ---

LAGU WITING KLAPA

Pra mitraku padha srêgêpa sinau, ngudi kawruh saka guru, ingkang prêlu, rèh iki wus jaman maju, aja kêmba siyang dalu.

Iba susah yèn bocah nora sêkolah, sabên panggonan wus lumrah, bocah-bocah, mèt piwulang kang paedah, kanggo gawe ngalap bêrkah.

Tuna tuwas wong anom yèn tan anggagas, marang kawruh kang salaras, aja uwas, nadyan udan miwah panas, supayantuk kang dèn ancas.

Ora liwat cacah mung amuji bêrkat, mugi Gusti paring rahmat, lan supangat, ing panyuwun datan pêgat, nèng donya tumêkèng kerat.

Esuk-esuk wayahe jago kêluruk, tangi turu adus mathuk, nganggo andhuk, sêgêr sumyah bisa mrasuk, badan nora krasa ngantuk.

Tuntunana sadulur kang durung bisa, yèn pitutur kang sanyata, aja dora, kênaa kanggo tuladha, marang pra kanca sadaya.

Uga aja dhêmên congkrah lawan kanca, awit iku tan prayoga, dhuh pra mitra, dèn guyub rukun lan kanca, supaya bisa santosa.

Elingana sanepane sapu sada, yèn dèn suh ingkang prayoga, coba-coba, tugêlên mêsthi tan kêna, ilanging suh gampang sirna.

Ririh rèrèh yèn tumandang ingkang sarèh, supaya bisa pakolèh, sabarang rèh, dèn kanthèni ulat sumèh, kawruhana mitra kabèh.

Cacah pena, Timan.

RÊBUTAN NUNGGANG KULDI.

[Grafik]

Gambar kang kacêtha ing dhuwur iki, bocah-bocah nalika padha ana ing Kêbon Raja ing Rotterdam. Pating crowèt karo ngathungake drijine padha calathu mangkene: "Aku dhisik, tuwan! Aku dhisik! Aku wis bisa nunggang jaran! Aku ora susah dituntun manèh. Aku wis wasis nunggang dhewe!" Kuldi loro wis dilapaki, asline saka tanah India, nadyan awake cilik, nanging kuwat. Bocah-bocah, sapa hara sing ora kêpengin nunggang kewan cilik-cilik lan njilma iki? Kowe rak padha kêpengin ta?

Pendjol.

--- 151 ---

LÊLUCON

Kakehan nganggur

Dhoktêr : ''Awakmu iku lêmês, mulane kudu kêrêp kok obahake. Kowe nyambut gawe apa?''

Wong lara : ''Mandhor, ndara dhoktêr.''

Dhoktêr : '' Yèn ngono, pagaweyanmu mandhor, bêcik ijolna pagaweyan kuli.''

Roekajah, Wlingi.

Ibu : ''Hara, sandhangane rêgêd kuwi kênang apa?''

Minta : ''Lha wong kêcêmplung kalèn.''

Ibu : ''Mula sing ngati-ati, aja sok dolan pinggir kalèn, bocah nakale jamak.''

Minta sangga uwang karo ngudarasa: ''Mau sadurunge tiba kok ora cucul dhisik! La têrus didukani ibu.''

Sri Mastoeti.

Batangane cangkriman kang katulis nalika tanggal 4 Sèptèmbêr.

I. G. Sawal.

II. Gundhik (Ratuning rayap). Sing bisa ambatang: Roebigdo Malang.

III. Angka n. (Bandung).

MANUK KANG MALÊS KABÊCIKAN

Ing jaman kuna ana wong omah-omah cêdhak alas gêdhe duwe anak aran Irawan, wiwit cilik mula sênêng ngingu manuk. Irawan mau duwe dara sajodho, lan pêrkutut siji kang diingu wiwit piyik.

Ing sawiji dina, Irawan nuju amèk kayu mênyang alas, nêmu manuk kêdhasih, suwiwine sèngklèh siji, mencok ing galagah dhoyong. Kêdhasih nuli dicêkêl, digawa mulih. Irawan rumêksane bangêt, clathune: ''Kiraku kêdhasih iki disawat ing wong utawa disambêr bidho bisa oncad.''

Ora antara lawas kêdhasih mari, banjur diculake. Ing kono Irawan bangêt gumune, dene manuk mau bisa tatajalma, calathune: ''Dadiya kawruhanamu, Irawan! Sajatine aku iki jim. Bangêt panrimaku, dene kowe gêlêm ngopèni aku nganti waras. Ora lawas kowe mêsthi olèh wêwalês.'' Sawise mangkono kêdhasih banjur musna.

Kacarita ing satêngahe alas mau ana dhangkane buta kinubêng ing jagang luwih santosa. Ing sawiji dina Irawan mênyang alas amèk kayu. Sadurunge mangkat, êmbokne mituturi: ''Ênggèr, olèhmu golèk kayu aja adoh-adoh bokmanawa ditêmu ing buta, mulane aja suwe-suwe.''

Anggone golèk kayu Irawan barêng wis olèh sabongkok nuli tlusupan, golèk gowok, parijatha kêcombrang lan wrêsah. Tumuli ana sabawa krosok-krosok, kaya ana gajah nasak alas. Ora suwe katon ana buta marani. Irawan sanalika njêrit lan ndhrodhog kaya godhong kanginan.

Cêlathune buta: ''E, e, e, bocah bagus. Ayo bocah bagus, milua aku mênyang dhangkaku, lan aja wêdi, thole?''

Irawan nuli dituntun diajak mênyang dhangkaning buta. Ana kono Irawan dipêrnahake ing gêdhong pêtêng, sajroning baluwarti. Nuli baturing buta têka anggawa sêga karo banyu, minangka cadhonge Irawan, clathune:

''Hèh bocah kurang wêweka. Kowe iki bêbasane iwak kalêbu wuwu. Salawasmu urip kowe ora bakal wêruh padhang hawa manèh, nanging yèn kowe bisa gawe lêjare ki lurah buta, mêsthi diluwari. Ki buta duwe ali-ali mas ilang ora karuan. Wis digolèki nganti gêmêt mêksa durung kêtêmu. Kuwi thole, yèn kowe bisa nêmokake, mêsthi bakal diluwari. ''Baturing buta banjur mêtu, lawange dikancing saka jaba.

Kacarita Irawan ana sajroning kunjara, ing pangrasa ilang bayune, nyipta yèn bakal dipangan ing buta. Ing sajroning baluwarti pêtêng ndhêdhêt, lêlimêngan. Irawan banjur turu.

Barêng tangi gagap-gagap tembok nêmu jêndhela cilik, banjur didêdêl mênga. Ing jaba katon byar rahina, ndadèkake bungahe. Tumuli ana manuk kêdhasih mencok ing pang sarta calathu: ''Irawan, dadiya kawruhanamu, ya aku iki rupane kêdhasih kang kêpotangan kabêcikan marang kowe. Dak kandhani kowe ya, ali-ali mas iku ilange kêcêmplung sumur sawetane iki.'' Kêdhasih sawise awèh wangsit nuli murca. Ora suwe baturing buta mlêbu anggawa sêga lan banyu. Irawan nuli pratela yèn bisa nêmokake ali-ali kang ilang.

Baturing buta calathu: ''Aja age-age ngaku wêruh panggonane ali-ali, sabab yèn ora nyata kandhamu, mêsthi kowe bakal dipatèni.'' Irawan nggubêl ing panjaluke, supaya dikandhakna marang buta yèn bisa nuduhake panggonane, sabab ing batin nggondhèli wangsite kêdhasih.

Panjaluke Irawan wis dilêgani, buta tumuli prentah ngêtokake Irawan, calathune: ''Hèh bocah bagus, yèn nyata kowe wêruh panggonane ali-ali, enggal tuduhna marang aku!''

Wangsulane Irawan: ''Sêsupe sampeyan wontên ing salêbêting sumur sawetan baluwarti.''

Buta nuli prentah marang bature nggagapi sajroning sumur, ali-ali wis kêtêmu, ndadèkake bungahe kaki buta. Irawan banjur diluwari. Enggale crita Irawan wis têkan ngomah. Wong tuwane bungah bangêt, jalaran ngira yèn bakal ora kêtêmu manèh.

Roekajah, Wlingi.

--- 152 ---

MULA BUKANE ANA PULO BALI

Ing jaman kuna paresidhenan Kedhiri iku dadi Kêrajan, dene sing jumênêng ratu ing kono yaiku Ratu Baka. Sajrone Sang Ratu Baka mêngku Karajan Kedhiri, ing kono ana wong aran Sadi Mantra, Sadi Mantra lan bojone iku sugih bangêt, kanggo kasênêngan ing donya ketoke ora kurang sawiji apa.

Wuwuh-wuwuh Sadi Mantra mau alim bangêt. Agamane agama Buda lan dhèwèke bangêt kajèn kèringan dening wong-wong ing Kedhiri. Ananging sanajan Sadi Mantra sugih bangêt sarta kajèn kèringan, mêksa isih anduwèni kasusahan. Dhèwèke gêlêm kelangan kabèh dhuwit darbèke, anggêr dhèwèke bisa luwar saka kasusahane. Ora liya Sadi Mantra sabên dina nênuwun marang dewa, supaya paring wêlas marang dhèwèke, ananging tumêkaning saiki panuwune mêksa ora dimirêngake.

Sadi Mantra lanang wadon ora padha duwe anak lan ing sarèhne wis padha akèh umure, lahire wis ora duwe pangarêp-arêp manèh bisane duwe anak. Ing sacêdhake omahe, wong loro padha yasa candhi. Sabên dina Sadi Mantra têka mrana kanthi anggawa sajèn rupa dupa lan wowohan sarta ngucapake rêpèn pamuji marang dewa karo ngunèkake klinthing, nanging tansah ora tinurutan panuwune.

Wêkasane sêsambate Sadi Mantra disêmbadani dening Bathara Guru. Sadi Mantra lan bojone pinaringan duwe anak lanang, lan banjur dijênêngake Manik Kangkeran.

Sabab saka bêcik pangrumate Manik Kangkeran enggal gêdhe. Ananging sarèhne anak mung siji-thil, wong tuwane bangêt dhêmêne, bocah mau dinama-dama. Apa panjaluke mêsthi tinurutan, ora ana sing dipênging, cêkake dhèwèke ngêrèh wong saomah kabèh.

Mêngkono bocah kang mung siji, mangka anggone muja kanthi rêkasa, têka dadi rusak.

Barêng Kangkeran wis gêdhe, wêkasane dadi wong ala. Kasênêngane adu jago mênyang pakampungan ing sacêdhake. Dene jagone diêdu karo jagone kanca-kancane sarta nganggo totohan dhuwit. Lan manèh Manik Kangkeran uga dhêmên bangêt mênyang main. Rina wêngi têrus main, wêkasane dhèwèke duwe utang akèh bangêt, nganti kabèh dhuwit darbèke bapakne ora cukup kanggo nyauri.

Bangêt susahe Sadi Mantra ngrasakake kêlakuane anake lanang. Dhèwèke rumasa isin bangêt, dene wong kang maune sugih bangêt, dadi mlarat sarta ora bisa ambayar utange anake lanang.

Ananging dhèwèke duwe pangarêp-arêp, bokmanawa isih bisa kêtulungan. Adoh bangêt ing Jawa wetan ana gunung gêdhe lan dhuwur, aran Gunung Agung. Gunung mau dhèk biyèn ora ana ing kono. Kawitane gunung iku saka pucake gunung sing luwih dhuwur yaiku gunung Maha Mèru. Bathara Guru kang mundhut pucak mau banjur diêlih mangetan adoh. Gunung Agung iku ing jêrone growong. Ing pucak ana kawahe kang minangka dalane nyang jêro, kang kêbak mas, slaka lan barliyan. Lawangane mau dijaga ula gêdhe bangêt, aran Naga Basuki lan ora ana wong kêna nyêdhaki gunung iku, apa manèh mlêbu ing jêro, kang tanpa palilahe ula naga mau. Sadi Mantra thukul panêmune, marani ula naga mau pêrlu nyuwun dhuwit sacukupe kanggo ambayar utange Manik Kangkeran.

Sadi Mantra nuli pangkat kanthi anggawa klinthing. Sawise lumaku pirang-pirang dina banjur têkan ing gunung kang nêdya arêp diparani.

Sadi Mantra munggah nyang pucaking Gunung Agung. Satêkane ing kono nuli ngucapake kidung, kang dirungokake dening ula naga kang manggon ing sajêrone. Barêng Naga Basuki krungu kidunge Sadi Mantra lan unining klinthing, nuli enggal-enggal ngobahake buntute. Sanalika iku sisike padha tiba rupa dhuwit mas, intên lan barliyan. Kanthi bungahing ati Sadi Mantra banjur anjupuki dhuwit lan barliyan, sarumpungesarampunge. nuli bali mênyang Kediri, mênyang omahe.

Sadurunge dhèwèke ambayari utange anake lanang, anake dijanji supaya ora manèh-manèh main cêki utawa adu jago kanthi totohan dhuwit. Sawise anake lanang dijanji, utange kabèh banjur dibayari lan dhèwèke isih duwe turahan kanggo dhewe nganti kêna diarani sugih manèh.

O, nanging sênênge ora langgêng. Manik Kangkeran ora nêtêpi janji, dhèwèke miwiti main cêki manèh, sênênge ngluwihi tinimbang karo sing wis kêlakon. Ora antara suwe bapakne banjur mlarat manèh sarta utange anake lanang akèh manèh nganti ora bisa ambayar.

Ana candhake.

Wong buthak.

Ana wong buthak jênênge Kasan. Sawijining dina pak Kasan kêdhayohan kancane. Kabênêran mêntas anjadah. Wonge padha ndhugal, nyêmoni mangkene: "Wah jadahe klimis, nggih kang!"

Pak Kasan: "Lawong klapane kathah." Barêng kancane uwis mulih, nuli nggagas yèn disêmoni. Bangêt nêpsune, nuli nututenututi. karo anggawa alu. Alune disèrèt karo muni: "Thak, thak, thak, thak, thak ..." Pak Kasan: "Alu wae nyêmoni." Alu disawatake nanggor wit-witan. Unine: "Thak, thak, glothak." Barêng têkan pinggir kali, ana bocah lagi wayangan, ditakoni: "Le, le, apa kowe wêruh ana wong liwat kene?"

Bocah wayangan: "Sumêrêp, nyabrang kali ngriku malah kula gamêli: "Blanggênthuthak, blanggênthuthak.

Pak Kasan nêsu bangêt: "Aja eling-elinga yèn bocah mêsthi taktêmpilingi." Banjur mulih karo grênêngan: "Wong kuwi yèn lagi kujur mrana-mrana mung krungu sêmonan thok."

Sri Mastoeti.

--- [1217] ---

Ôngka 78, Rê, Pa, 23 Rêjêb Ehe 1868, 29 Sèptèmbêr 1937, Taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Karangbolong - Pakulinan - Candhi Barabudhur - Rawuh Dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana ing Surakarta - Kawontênan ing Tiongkok - Kêthoprak Mardiwandawa - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Karangbolong

[Grafik]

Sawangan ing pasisir Sagantên Kidul, ing Karangbolong.

--- 1218 ---

Raos Jawi

Pakulinan

[Dhandhanggula]

pakulinan iku mahanani / pakarêman lawan kasênêngan / rosa tahan anggotane / kulina iku tuwuh / bêbukane saka sathithik / yèn kêrêp linakonan / lawas-lawas matuh / basa matuh iku tuman / kang amarga kulinane anglakoni / dadine tan karasa //

yèn wis matuh angèl angilangi / kadidene karêm amêmangan / sanadyan namung sapele / karana uwis matuh / pangrasane nikmat kêpati / kaya ta wong kulina / mangan sêga jagung / lawuh jangan lan kuluban / sanadyana pangan iku tan mêjaji / sayêkti krasa nikmat //

wong mangkono coba disuguhi / sêga bêras kang aputih mêmplak / lawuh bêstik sambêl gorèng / tartamtu datan mathuk / nadyan doyan tan andarbèni / marêm pamanganira / apa manèh minum / yèn kulina banyu tawa / banjur ngombe wedang êtèh apa kopi / atine durung lêga //

yèn kulina mangan sêga putih / lêlawuhan kang maneka warna / môngka mangan kang sapele / upama sêga jagung / jangan bobor utawa mênir / wis mêsthi datan doyan / tansah lingak-linguk / yèn kêpêksa iya mangan / pamangane wis tartamtu cimak-cimik / gurunge suthik mêlar //

yèn kulina ngombe anggur pèni / tan kaduga ngombe anggur para / lire anggur kang sapele / kalamun matuh udud / datan udud kalithah klithih / yèn udud nuli bingar / saya kang ingudud / kang wus dadi pakarêman / pangrasane nikmate kêpati-pati / tan ana kang mêmadha //

luwih manèh kulina madadi / yèn tan kambon candu ing sadina / ngalumpruk kêkês awake / cumêpak punang nêpsu / balik lamun uwis madadi / garegah katon gagah / pindha sang aprabu / Baladewa nuju krodha / sarwi ngasta pusaka panglêbur bumi / nanggala anèng ngarsa //

balik janma kang datan madadi / lagi mambu kukuse kewala / trêkadhang wis gêbrès-gêbrès / tan tahan têmah ngêlu / wong kang karêm angombe brèndhi / yèn datan angombea / anggane alêsu / yèn wis ngombe anjrêbabak / kaya-kaya datan uwas antuk tandhing / lir Prabu Dasamuka //

balik janma kang tan doyan brèndhi / lamun ngombe brèndhi sok kasêlak / jêr tan enak pangrasane / ingulu datan kolu / lagi bae êntèk sajinggring / ngêlune wis karasa / pandulune bawur / sawênèhe mutah-mutah / mripat abang sêmune amêmêdèni / jêr saka tan kulina //

wong kang sênêng ngudang bokmas kênci / sapadhane bôngsa ngabotohan / yèn towong sadina bae / marga tan antuk kancuh / lan trêkadhang kasêpèn dhuwit / rumasa gêrah-uyang / kêtagihan nguthut / kadhang jroning pagawean / kang ginagas datan liya mung bab main / kongsi kèpi yèn nendra //

balik wong kang datan dhêmên main / yèn andulu wong kang ngabotohan / têka sêpêt pandulune / ciptane timbang lungguh / ambathêngêt kongsi sawêngi / bok iyaa turua / mujung mancal kêmul / dhuwit kanggo ngabotohan / luwih bêcik kanggo dagang olèh bathi / utawa cinelengan //

yèn kulina lunga ambêbêdhil / golèk manuk kanggo lawuh mangan / têka

--- 1219 ---

gêla pangrasane / lamun tan nyipat manuk / môngka ngomah wis dèn cawisi / lawuhan amirasa / jêbul ngarah manuk / nadyan datan antuk pisan / uwis bungah yèn kalakon nyangking bêdhil / ngubêngi pasawahan //

yèn kulina ngaluyur ing bêngi / ngrasa gêla lungguh anèng wisma / jêr udane angarêcèh / pêtênge dumuk irung / balik lamun padhang nêlahi / sênênge ngudubilah / mubêng turut lurung / yèn kulina gêgojegan / gêgêmbyakan caturan kang anjêmbêri / kang saru kapiyarsa //

yèn tan ngucap cangkêm krasa kêri / ngrasa gêla yèn tan antuk rowang / yèn sinêndhu pratingkahe / kang saru-saru iku / amandêlik lara kang ati / balik yèn antuk rowang / tyase pindha gunung / gambira saya andadra / rumasane winwis. tan ana kang madhani / dene dèn nut ing janma //

cangkêm gatêl dhêmên angrasani / anênacad pratingkahing liyan / kathik nganggo gawe-gawe / alane cikbèn wuwuh / yèn wong bêcik cinacad wani / cinatur ngamandaka / jare ala muput / yèn saari tan nênacad / gêrah-uyang cangkême karasa kêri / kang awit wis kulina //

wong kulina ing pratingkah bêcik / yêkti gêla wruh pratingkah ala / dhêmên wong kang barès-kurès / yèn bangkit atêtulung / suka tyase agung sawukir / ing ratri myang raina / mêmardi rahayu / rahayune abêbrayan / lumèbère marang tôngga kang pêpanti / jêmbare mring pra titah //

Badhe kasambêtan.

Ki Darma Prawira, Kêpanjèn, Malang.

[Iklan]

--- 1220 ---

Kawruh Sawatawis

Candhi Barabudhur

Sambêtipun Kajawèn nomêr 77

[Grafik]

Candhi Mêndut

Sarjana : Ing dhênggunging stupa (ing pucukipun candhi) ingkang agêng piyambak, rumiyin wontên rêcanipun Buda agêng satunggal, ingkang botên karampungakên babarpisan panggarapipun (taksih sarwa kasar wujudipun) sikêping astanipun sami kalihan rêcanipun: aksobya Buda: ingkang asikêp: bumi sêparsya mudra, punika ingkang taksih dados rêmbag rame, tuwin beda-beda pamanggihipun para êmpu-êmpuning kawruh yêyasan kina. Makatên ugi para ngulamining kawruh Buda. Manut ijtihadipun sawênèh golonganing êmpu wau, sampun botên sêmang-sêmang malih, bilih rêca punika kintên-kintên mêsthi pêpêthaning Buda ingkang kaping pitu, tuwin ingkang luhur piyambak, inggih ingkang sinêbut: Adi Buda: utawi: Wajradara Buda: (Wadjradhara), ingkang manut panganggêpipun golongan Mahayana, sajatosipun botên kenging kinayangapa, utawi botên sagêd kapêtha ing pangganthaning angên-angên malih, amargi Adi Buda punika satunggaling kawontênan, ingkang tinêmbungakên jumênêng kalawan pribadine dhewe, anglimputi jagad rat pramudita. Dados tuking sadaya gêsang miwah samukawis kasaenan. [kasae...]

--- 1221 ---

[...nan.] Makatên gotèkipun ingkang mangrêtos, pun kakang piyambak boya jegos.

Sujana : Kula malah lajêng kodhêng ki raka, sarêng Sang Adi Buda sajak dipun sipati kados kawontênaning pangeran makatên punika, akal kula lajêng botên andungkap.

[Iklan]

Sarjana : Pancèn kasinggihan adhi, manawi têmbung Buda wau pun adhi anggalih (ngintên) namaning tiyang punapa titah manungsa utawi dewa, lakar inggih botên amung ngodhêngakên kemawon, malah sagêd ugi adamêl goblêg utawi komêt, tur taksih imbêt cêkot-cêkot.

Sujana : Manawi Buda punika sanès namaning tiyang utawi titah, kadospundi têgêsipun tuwin pikajêngipun têmbung wau.

Sarjana : Saking atur pamrayoginipun tiyang ingkang mangrêtos, angginêm kawruh babagan raos, punika inggih kêdah katampi sarana raos. Murih sagêd ambontos têlênging batos, inggih kêdah talatos anggèning marsudi alusing raos, mila urat-urat sèniyu prayogi lajêng dipun kêndhokakên, sampun tansah mathênthêng pinanthêng kalayan adrêng, yèn kadêrêng mindhak nuwuhakên cukêng rêngkêng, botên sagêd amudhari ruwêt-rêntêng. Aluwung pinêlêng kalayan sarèh, bokmanawi sagêd sumèlèh, sumêrêp doning rasa kanthi wèntèh, tur panggalihipun adhi inggih lajêng sagêd mustarèh.

Badhe kasambêtan.

Tr. S.

--- 1222 ---

Rawuh Dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana ing Surakarta

[Grafik]

Kados ingkang sampun kawartosakên, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana têdhak ing Surakarta.

Ingkang kacêtha ing gambar, sisih punika Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana nalika rawuh ing Surakarta, dipun papag ing Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya saha Wicaksana, Tuwan Gupêrnur ing Surakarta tuwin para agêng sanès-sanèsipun.

[Grafik]

Gambar ing nginggil punika sabidhal dalêm saking sêtatsiun Balapan, nitih kreta karajan.

--- 1223 ---

Kawontênan ing Tiongkok

Pawartos kawontênanipun paprangan ing Tiongkok sami mindhak grêgêtipun, tumrapipun Jêpan saya nyêroni sangêt panêmpuhipun dhatêng papan-papan ingkang wigatos. Nanging mênggahing Jêpan anggènipun tumindak makatên wau inggih kêpêksa ngrêgiyêg ngawontênakên sêsanggèn awrat, amargi ing pundi papan ingkang karêbat, inggih punika ing sisih lèr, lajêng dipun wontênakên pajagèn militèr, awit papan ingkang kêdah kawontênakên pajagèn wau atusan panggenan, môngka dumugining papan ingkang dipun sêdyakakên pinanggih taksih têbih sangêt. Tumrap ing Syanghai, ajênging wadya Jêpan inggih dèrèng sapintêna têbihipun.

[Iklan]

Pangrancangipun Jêpan anggèning nêmpuh saking gêgana sampun kêrêp dipun tindakakên, saha mawi wara-wara ing sadèrèngipun, tindak makatên wau tumraping nagari sanès, kados ta Inggris, kêpêksa nyaruwe dhatêng tindakipun Jêpan, supados panêmpuhipun mawia kintên-kintên, ngêmungna dhatêng laladan panggenaning militèr, supados kasangsaranipun sampun angèngingi dhatêng tiyang ingkang sanès militèr. Kajawi punika parentah Inggris ugi suka pêpèngêt, manawi wontên kapitunanipun têtiyang Inggris ing Nanking, badhe katêmpuhakên dhatêng Jêpan.

Jalaran saking orêg-orêgan ing Nanking punika, toko-toko lajêng sami tutup, têtiyangipun sami ngungsi dhatêng parêdèn sacêlaking kitha, utawi ing papan panggenan ingkang sakintên botên sagêd kadhawahan bom.

Ing Kiyang Gwan, Lotin tuwin Layue kaprênah saêlèr Syanghai, mêntas dipun têmpuh Jêpan sakalangkung sêrêng. Ing pabarisan Jêpan ingkang iring kidul mawi dipun biyantu lêpasan mriyêm saking kapal pêrang tuwin pabarisan mriyêman ing Kiyang Gwan, kathah panggenan ingkang lêbur. Nanging sarêng pandhêsêgipun wadya Jêpan badhe majêng, lajêng dipun tanggulangi sanjata mêsin dening wadya Tiongkok. Sawênèh wontên pêrang rukêt rêbat karosan, ingkang kawêkasanipun sagêd mênggak ajênging wêdya Jêpan. Nanging wadya Jêpan golongan mriyêm majêng ngangkah karisakaning têlêng kasantosanipun Tiongkok, anglêpasi mriyêm kaênêrakên dhatêng margi sêpur saking Syanghai dhatêng

--- 1224 ---

Karisakanipun Laladan Syanghai

Ing sisih punika gambar sawangan ing wanci dalu, inggih punika satunggiling margi agêng ingkang rame lan asri ing kitha Syanghai. Gambar wau ing sadèrèngipun kadadosan pêpêrangan ing Syanghai ingkang dhawahing mimis kumarutug anêmpuh kitha anggêgirisi.

[Grafik]

Gambar-gambar ing sisih punika anyêthakakên mênggah kawontênanipun karisakaning gêdhong punapadene toko-toko ingkang risak jalaran tumêmpuh ing mimis. Kiwa: toko agêng (gambar nginggil ingkang mawi mênara) ingkang risak jalaran dipun bom. Têngên: satunggiling pulisi panjagi margi pêjah ngênggèn jalaran kêdhawahan mriyêm.

[Grafik]

Gambar têngah sisih têngên punika: punggawa pômpa (brandweer) nuju nindakakên damêl mitulungi griya-griya punapadene barang-barang ingkang sakintên sagêd tinulungan.

--- 1225 ---

Nanking, mênggah prêlunipun sagêd nyêgah dhatênging dêdamêl ing papan paprangan. Ewasamantên wadya Tiongkok sagêd nanggulangi lumintu.

Jêpan pancèn niyat migatosakên dhatêng risaking margi-margi sêpur, awit margi wau manawi sagêd pêdhot, ugi sagêd nyuda kêkiyatanipun Tiongkok. Makatên malih rêrigênipun Jêpan katingal anggènipun ambêbingung mêngsah, panêmpuhipun pinanggih ing sèênggèn-ênggèn, kados kala wadya anggêgana Jêpan nêmpuh Kanton, punika nêmpuhipun motor mabur kathah, ngêbyuk adamêl kagèt, nanging sasampunipun andhawahi bom, lajêng katingal pêcah dados tigang golongan, saperangan anggêgana mangilèn, wontên ingkang mangalèr, lap lajêng ical, ngaso wontên ing ngandhap. Botên dangu katingal jumêdhul malih, inggih lajêng andhawahi bom. Suwaraning bom ambalêdhos tuwin suwaraning mriyêm pananggulang sakalangkung sora, amaradini sakitha.

Ing ngriku gêntos kêsusul panggêgananipun wadya gêgana Tiongkok, lajêng oyak-oyakan sakalangkung rame, kêkalangan gêntos anglêpasi mimis, katêmahan damêl karisakan sadayanipun.

Bab campuh ingkang sakalangkung rame punika, botên namung samantên kemawon, pangancamipun ing wingking badhe tansah sambêt-sumabêt. Mila tumraping golongan Tiongkok tansah sadhiya, kanthi ngawontênakên papan pasingidan wontên ing rong-rongan salêbêting wana, ewasamantên pinanggihipun inggih taksih dipun têmpuh ing mêngsah.

Sasampunipun makatên, Jêpan saya waringutên, lajêng andhawahi bom ing saindêngipun Tiongkok, malah ing Kupu, inggih punika papan miyosipun sang wicaksana Konghucu, makatên ugi ing griya-griya sakit, ing panggenan gambar idhup, tuwin sanès-sanèsipun. Rahayu dene tindak wau botên adamêl tiwasing tiyang.

Ing bab tindak makatên punika Inggris tuwin nagari sanès-sanèsipun sami nyêrêg dhatêng pangagêng Jêpan.

Mirid kawontênan ingkang pinanggih ing wêkdal punika, ing pangintên Tiongkok kêdugi nanggulangi panêmpuhipun Jêpan ingkang kêkêtogan. Amargi nitik panêmpuhipun Jêpan ingkang sampun, katingal anggèning Jêpan sampun suda kêkiyatanipun, môngka wontênipun pabarisan Tiongkok taksih ajêg santosa. Ing sêmu Jêpan taksih ngêntosi wadya bêbantu.

Cacahipun wadya Jêpan ing Syanghai wontên nêm dhepisi, isi tiyang 150.000. karisakaning wontên 15.000.

Wara-wara

Ngaturi uninga dhatêng para lêngganan. Sintên ingkang pambayaring arta lêngganan botên nêtêpi punapa lêrêsipun, sampun cuwa ing panggalih manawi tampinipun Kajawèn ngantos botên urut.

Prayogi kagaliha.

Administrasi.

Wangsulan Redhaksi

R.S. ing Widadarèn. Kintunan karangan sampun dumugi, sambêtipun tumuntên kakintuna.

K. 1198 ing Kêtandhan. 16 Rabingulakir, Wawu 1833, dhawah 12 Juni 1903 (botên 1904). Rê, Lê, (lêrêsipun Sla, Lê), 26 Bakda Mulud kados pandangu panjênêngan punika dhawah Dal 1831, Walandi 13 Agustus 1901.

--- 1226 ---

Rêmbagipun: Petruk lan Garèng

Kêthoprak Mardiwandawa

I.

Petruk : Lah bageya têkanira nini, wis lungguha kono,

Garèng : Kula nuwun inggih, ra - mo - a.

Petruk : Wayah, kok ramoa, ambok: rama, mêngkono,... bocah ayu dhasar dlongèh-dlongèh,...

[Grafik]

Garèng : Inggih pancèn ayu mlisdring, ra-mak.

Petruk : O, hla kok ramak, aku iki saiki pêthane dadi nata binathara, kowe dadi putri putrane ratu, dadi wajibe kowe nyêbut nyang aku: kangjêng rama prabu, apa kêpriye. Wis, saiki tak têrusne, anggonku andangu nganggo têmbang mijil mau,... ulat manis dhasar mêrak ati, trapsilamu bêcik, kaya asu buntung.

Garèng : Ayo, unimu kang pungkasan kuwi kudu kok karèt, ngunèkake uwong kathik sawiyah-sawiyah, dupèh wujude dhewe kaya unta disêbul bae.

Petruk : Wayah, nèk gêguyon karo sêdulur kuwi aja guru-guru nêpsu mêngkono. Wong mau anggonku anggolèki sing pungkasane tiba suku kuwi angèl bangêt, iya wis, saiki tak gantine bae: lir bathari baung. Iki nèk cara Jawane sing lumrah karêpe: kaya dewa wadon kang lagi rêngêng-rêngêng. Rak wis lêga, ta Kang Garèng. Wis, saiki padha omong-omongan sênêng-sênêng. Kaya-kaya nalika malêm Sabtu lan malêm Minggu kowe ambêladhêg nonton kêthoprak Mardiwandawa, kang saikine lagi main ana ing Mistêr Kornèlis. Aku dhewe iya têrus-têrusan nonton. Saiki kowe arêp tak jak cocog-cocogan mungguh panêmune ing bab pamainane kêthoprak mau.

Garèng : Nèk rêmbugan bab kiyi, sabisa-bisa kudu diturut saka wiwitan, Truk. Rong bêngi mau anjupuk lakon: Kramane Trunajaya. Malah kala samana durung tutug, isih ana banjure manèh. Saiki padha miwiti ngrêmbug kang ditongtonake wêngi kang kapisanan. Adêgan kang dhisik dhewe, yaiku: Pangeran Adipati Anom ing Mataram, ingadhêpan dening abdi loro, lagi mèwèk-mèwèk sabab pêrlip (karungrungan) karo Lara Hoyi, wanita saka Surabaya, kang dadi sêngkêrane ingkang rama, Sunan Amangkurat ing Mataram. Saiki nyôndra siji-sijine [siji-si...]

--- 1227 ---

[...jine] sing main, Truk. Sing dadi Pangeran Adipati Anom, aggone main, kaya iya-iyaa kae, Truk, le mèwèk-mèwèk, le niba-niba, le têtêmbangan kaya wong mêndêm gadhung, lan anggone mata hoyinên, nganti saka bature dikêkêp-kêkêp, lho, kuwi kaya tênan-tênana kae, Truk.

Petruk : Cocog, Kang Garèng, mung bae kanggone wong saiki ora klêbu nalar. Ingatase wong lanang, kêyungyun marang sawijining wanita, têka nganti moh madhang, moh ngombe, kajaba mung turu nglêkêtêr thok bae.

Garèng : Lho, hla kok dipadhakake dhapurmu bae. Nèk kowe, pikiranamu mêsthine têrus ngrêmpoyok, mikir apa sesuk kêndhile bisa ngadêg, mikir apa ing omah isih ana barange kang payu gadhene, apa malêm Minggu ana sangune kanggo dhomino, mikir ngêndi sajêrone Minggu kiyi sing durung ditangguh mangan, lan sapadhane. Kajaba iku ing jaman saiki kanggo lêlipure ati bunêg, pirang-pirang bangêt, kaya ta mihun, cap jae, martabak, lan êmbuh apa manèh. balik ing kala samono, kathik jumênêng Pangeran Adipati Anom, kajaba ora tau amênggalih nyang dhahare, sabên dina bisa: sênêng-sênêng, plêsir-plêsir, main royal, lan main ropyan-ropyan. Mulane yèn panggalihane ujug-ujug banjur kontak, iya angèl anggone golèk lêlipure. Mulane wong nonton kuwi iya kudu bisa anggambarake kahanane ing kala samono. Nèk ora mêngkono, iya banjur mung arêp nacad thok bae. Kaya ta: panganggone Pangeran Adipati Anom, kowe mêsthine bisa nyeda mangkene: klambine biru laut cara Yoja, kathik krahe cara obrus. Wèh nyang pandêlêngan ngênêg-ênênggi, ambok iya sing prasaja, nanging sing nècis, kaya panganggone para putrine, kae sing jênêng barès tur ngayang batin.

Petruk : Rambut pinara sêlusin aku ora duwe pikiran sing mangkono iku, Kang Garèng, awit panganggo sing kaya ngono kuwi karêpe rak mung kanggo ambedak-bedakake êndi sing pangkat dhuwur, êndi sing asor.

Garèng : Hla iya, mulane iya aja mondhang-mandhing karo jaman saiki, iya mêsthi akèh gèsèhe. Nanging kowe rak iya ngakoni, ta, maine Pangeran Adipati Anom, kêna ditongton têmênan. Mêngkono uga abdine loro, kêna kanggo cagak êlèk têmênan saka dening lucune.

Petruk : Luwih-luwih sing siji, Kang Garèng, jarene jênênge wonge sing tênan: Kartanadi. Wis suwarane bêcik, têmbange wilêt turut ompak, kathik lêlucone andêmênakake, tur ora ana saru-sarune, cêkake kanggo têtingalane para luhur sarta para priyayi, ora bakal ngisin-isini têmênan.

Garèng : Wis, tak banjurne saiki wawasanaku, saka bunêking panggalihe mau, krêsane sang pangeran arêp angumbakarna têrus-têrusan, sarta banjur mlumah angglêgajur karo bukak taocang.

Petruk : Wayah, wong sêmbrana kowe kuwi. Ana kok banjur anggarap, dupèh ing kala samono pangeran pati wis gundhulan. Sabênêre [Sabênêr...]

--- 1228 ---

[...e] mono iki iya rada nyêbal jaman, kaya-kaya luwih bêcik saupama sarene mau dhêsthare têrus diagêm bae. Nanging iki mung kasalahan sathithik, Kang Garèng, ora dadi ngapa.

Garèng : Ha iya, Truk, nanging ing sarèhne ing kono anggambarake kaanan ing jaman Mataraman, saolèh-olèh diati-ati, aja nganti kêcampuran cara ing jaman saiki, mêngko gèk mêtu Drunajaya upamane, nganggo... jam tangan, iki ana ing pandêlêngan, rak iya ora enak, ta. Wis tak banjurne manèh saiki, sajêrone Pangeran Adipati Anom sare tinunggu ing abdi loro mau, banjur karawuhan ingkang eyang: Pangeran Pêkik kalayan garwane: Kangjêng Ratu Pandhan, loro-lorone anggone main, wajib dialêmbana têmênan, anggone nyara priyayi luhur sing wis sêpuh, anggone ngatonake asihe marang ingkang wayah Pangeran Adipati Anom, nganti wani anglakoni ukume pêmburine, wah, kaya tênan-tênana kae, Truk. Dalasan anggone pamitan arêp tindak ing omahe Wirarêja, nêdya amboyongi Lara Hoyi, nyang abdine pangeran, nganggo ethok-ethoke arêp mênthung barang, iki mung prakara cilik-cilikan, nanging ing kono gawe kumliting carita, Truk. Iya ngono kuwi kudune. Iya apa ora, Truk.

Petruk : Mula iya mêngkono, Kang Garèng. Saikine adêgan kang kaping pindho, yaiku ing Wirarêjan. Ing kono Wirarêja jagongan karo bojone diadhêpi Lara Hoyi, banjur karawuhan Pangeran Pêkik lan garwane, iki luwih anêngsêmake manèh, anggone Pangeran Pêkik ambujuk alus karo Wirarêja supaya mènèhake Lara Hoyi kang arêp didhaupake karo Pangeran Adipati Anom, anggone paring kêris, nanging Wirarêja ora keguh jalaran saka wêdine karo sang nata. Suwe-suwe banjur Kangjêng Ratu Pandhan sing ambujuk bojone Wirarêja, sarana amêmaringi suwêng, pêniti, ali-ali lan sapadhane, kang anjalari Bok Wirarêja atine banjur lumèr bae, sarta amêksa sing lanang dikon ngaturake Lara Hoyi nyang sang pangeran, kathik disaranani padu rame, iki kêna ditongton têmênan, Kang Garèng, lho, samono atine wong wadon kuwi, gampang kèlune marang barang èdi pèni, nganti sok lali kuwajibane. Wah, saupama iki rada didawakake sathithik, saya ngês manèh, Kang Garèng, awit ing kono anggone anggambarake kêndhoning atine wong wadon (Bok Wirarêja) rada kêbangêtên, pancène anggone ambujuk Kangjêng Ratu Pandhan nyang Bok Wirarêja, kuwi rada didawakake sathithik. Masa iya lagi bae diwènèhi barang-barang mas intên, banjur mak grègèl bae atine, iki rada kêsusu, ewasamono mêksa wis jênêng apik têmênan.

Garèng : Candhake, Truk, iya iku kêtêmune Pangeran Adipati karo Lara Hoyi, iya wis apik, nanging aku mêksa ora pati cocog, kajaba kasuwèn anggone ngungrum-ngungrum nganti nratap sakojur awakku, anggone ambopong-bopong Lara Hoyi, yak, kiyi nyang pandêlêngan rada nyêpêt-nyêpêti.

--- 1229 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Tanêman anggur. Ing tanah ngriki sampun kalampahan kawontênakên tanêman anggur, saha pinanggihipun marêmakên. Kêbon anggur wau dipun adani dening pakêmpalan Ind. Druivencultuur. Ing salajêngipun ngudi murih tanêman wau saya sagêd majêng.

Anjêmbarakên laladan suka padamêlan. Kantor babagan ngajêngakên padamêlan nênun ingkang dipun adani dening Departement van Economische Zaken, ingkang madêg ing Sêmarang, badhe njêmbarakên têbanipun wontên bawah paresidhenan Sêmarang, Pêkalongan tuwin Rêmbang. Kajawi padamêlan ingkang sampun, ugi badhe ngadani pandamêling grabah.

Badhe ngadani ngadêgakên pabrik sardentjis. Wontên wartos, Departement van Economische Zaken badhe ngadani ngêdêgakên pabrik sardentjis ngambang wontên sagantên laladan Banyuwangi. Pabrik wau pindhah-pindhah ngêtut panggenan wanci ungsumipun ulam.

Ura-uru ing Papuah. Miturut palapuran saking pangagêng ing Boven Digul, mêntas wontên bôngsa Papunah golongan Mapi kalihan golongan Jait, anggèning têmpuk wontên sapinggiring lèpèn Digul. Kathah pêpêjah tuwin ingkang nandhang tatu.

Pilihan warga-warga Regentschapsraad kabupatèn Purwarêja (Kêdhu). I. Kiesdistrict Purworêjo: 1. M. Tjokroharsono, Patih Purworêjo; 2. M. Koesoemodisastro, Ass. Wêdono Bayan; 3. R.I.O. Sastrokoesoemo, Ass. Wêdono Banyuurip. II. Kiesdistrict Purwodadi (Jênar): 1. M. Abdoelah Wêdono-district Purwodadi; 2. M. Slamêt, Ass. Wêdono Bagêlèn; III. Kiesdistrict Loano: 1. R. Prodjosudirjo, Wêdono-district Loano; 2. R. Soedjadi, Ass. Wêdono Gêbang; IV. Kiesdistrict Kutoarjo: 1. M. Moesa 'I Mahfoeld, Journalist (warga Prov. Raad Jawi-Têngah) ing Kutoarjo; 2. R. Soedardjo, Wêdono-district Kutoarjo; 3. R.M. Soemitro Koesoemaoetojo, Ass. Wêd. Grabag. V. Kiesdistrict Kêmiri: 1. M. Soenario, Wêdono-district Kêmiri; 2. M. Soetrasto, Ass. Wêdana Pituruh. Tumrap warga pribumi, ingkang awit saking pamilihan cacahipun wontên 12, wondene ingkang têtêpan (bênuman) wontên 3 (K. 4149).

Manggih lare èstri umur ± 3 taun. Dèrèng dangu ing èmpèr sêkolahan dhusun Kêpèdèk (Kuthawinangun) wontên lare èstri umur ± 3 taun, kulitanipun jêne, kados sanès anakipun tiyang dhusun, botên têrang ingkang ndèkèk utawi botên têrang anakipun sintên, namung nangis lan undang-undang "Ibu-ibu kala êmbok-êmbok'' (dialect wetanan), dene anèhipun ing sandhingipun ngriku wontên sinjangipun wiyar bathik latar pêthak sampun masêm, lan wontên dolananipun lare. Sampun dipun undangakên dhatêng ingkang wajib, dèrèng wontên ingkang ngakên. Sapunika dipun opèni dhatêng tiyang nami Amad Moehtar ingkang manggèn cêlak sêkolahan ngriku, lare sampun kraos, dhasar ingkang ngopèni botên gadhah anak. (K. 2273).

Pantiroga bayi. Ing Ngayogyakarta wontên golonganing wanita bôngsa Tionghwa sami badhe ngadani damêl pantiroga bayi. Panggenanipun badhe wontên ing salah satunggiling griyanipun warga, kanthi badhe angsal pambiyantunipun para dhoktêr bôngsa Tionghwa ing sanagari Ngayogya. Makatên ugi toko-toko jampi ugi badhe ambiyantu sarana nyade jampi kalayan rêrêgèn mirah. Ing pangangkah, ingkang nindakakên pitulungan inggih badhe mêndhêt saking warga ingkang kasinau rumiyin.

Lare kêmbar 4. Ing satunggiling dhusun ing laladan Singkawang, Borneo, wontên tiyang gadhah anak kêmbar 4. Nalika lairing jabang bayi namung dipun pitulungi ing dhukun. Sarêng sampun tigang dintên wartosipun sawêg kamirêngan ing tiyang sanès. Sarêng bab punika kamirêngan ing Dokter Seppenfield, dhoktêr militèr ing Singkawang lajêng dhatêng mriksa. Nanging lare ingkang satunggal sampun ngajal. Salajêngipun para sanak-sadhèrèkipun mrayogèkakên supados lare-lare ingkang kantun sami kabêkta dhatêng griya sakit, amrih wilujêngipun.

Kedirische Kapokbond. Ing Kêdhiri wontên ingkang ngêdêgakên Kapokbond, ingkang dipun adani dening golongan bôngsa Tionghwa. Ing griyanipun Tuwan Kho King Siok mêntas kawontênakên parêpatan, dipun dhatêngi dening para sudagar kapuk. Ing ngriku wontên ingkang malêbêt warga enggal cacah 32. Ancasing pakêmpalan wau badhe ngudi murih prayoginipun babagan padagangan kapuk.

[Grafik]

Tuwan Djapar ing Singosari. Kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn nomêr 73 ing bab wartosipun Tuwan Djapar angsal ganjaran saking Nirom awarni pirantos radhio gagrak ingkang enggal piyambak, ing nginggil punika ngêwrat gambaripun Tuwan Djapar punapadene barang-barang ganjaran wau.

Kècu ing Kuthawinangun. Nalika malên Sênèn kapêngkêr ing griyanipun satunggiling tiyang randha ing dhusun Tanjungmèru (Kuthowinangun) kadhatêngan kècu, kècu wau namung pikantuk arta f 2.50 tiyang-tiyang ingkang tandang sami dipun tatoni wontên tiyang 12, ingkang 2 tatu awrat, ingkang 1 dados tiwasipun. Pulisi sampun pikantuk katrangan, wontên salah satunggiling guru dhusun tumut kêsangkut lajêng miruda.

Cobèn-cobèn nglampahakên sêpur. Gêgayutan kalihan badhe wontêning ewah-ewahan lampahing sêpur saking Surabaya dhatêng Malang, kawontênakên cobèn-cobèn nglampahakên sêpur saking Bangil dhatêng Malang, namung isi gêrbong tiga tuwin locomitief satunggal, rikating lampah kaangge 90 km. ing dalêm saêjam. Salajêngipun ngawontênakên cobèn-cobèn malih mawi gêrbong gangsal tuwin locomitief kalih, kakiyataning lampah ugi kadamêl kados ing nginggil. Sanajan panyobinipun wau sampun pinanggih sae, nanging dèrèng sagêd nêmtokakên tumindakipun wiwit benjing punapa, amargi pêrlu badhe andandosi rilipun rumiyin.

--- 1230 ---

Prangko Asib. Kados ing sapunika têtiyang sampun botên kêkilapan dhatêng kajêngipun Asib, tuwin ugi sampun sumêrêp kathahing tiyang ingkang dipun pitulungi. Ing pundi-pundi kêrêp kawontênakên têtingalan ingkang angsal-angsalanipun ugi kangge Asib. Ing bab punika ugi badhe wontên prangko ingkang kasade kangge pêrluning Asib, wiwit benjing tanggal 1 December1937 dumugi wulan Juli 1938. Mênggah pêrluning prangko ingkang kasade punika botên sanès inggih kangge ambiyantu Asib wau.

Mr. Sartono kacalonakên dados Warga Provincie. Awit saking golonging para juru pamilih ingkang sanès golongan politik, angajêngakên Mr. Sartono supados katêtêpakên dados warganing Provincie ing Bogor. Bab punika Mr. Sartono inggih anyagahi. Dene tindaking pamilih badhe wontên tanggal 5 Octobêr ngajêng punika.

Nahan punggawa 13. Wontên wartos, ing Sêmarang wontên punggawa Provinciale Waterstaat cacah 13 sami katahan, amargi kalêpatan salingkuh arta bayaran kuli. Miturut aturing kuli sadaya, pambayaraning kuli sami kirang.

Gêdhong papan anggêgana ing Kêmayoran. Miturut wartos, gêdhong papan anggêgana ing Kêmayoran, Bêtawi, pandamêlipun badhe kawiwitan wontên wulan December ngajêng punika, kaangkah sagêda rampung salêbêtipun 6 wulan. Samantên punika manawi botên wontên pambênganipun, upaminipun jawah.

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi-Têngah, R. Koesoemodarmodjo, juru sêrat klas 1 ing ondêr dhistrik Sragi, kabupatèn tuwin paresidhenan Pêkalongan, dados mantri pulisi paresidhenan Pêkalongan.

Kêbêsmèn wana. Ing kabudidayan Alacta, Jatitujuh, Majalengka, mêntas wontên kêbêsmèn kêbon karèt, salajêngipun latu mrèmèn dhatêng kabudidayan juragan Djaja tuwin dhusun Ujungjaya, Sumêdhang. Salajêngipun latu mrèmèn dhatêng Congean, tumrap ngriku ingkang kêbêsmi namung wana rungkudan kemawon. Wusana latu kenging kasirêp sarana ngawontênakên kalenan, lajêng sirêp saking kajêngipun piyambak.

Rêrigên ngajêngakên panyade randhu. Ing Paree sampun dangu caraning têtiyang sade randhu sami dipun ijokakên, nanging ing sapunika sarêng panyade wau sarana dipun rigênakên dening ingkang wajib, lajêng sagêd tumindak langkung sae. Ing kala rumiyin nalika taksih cara ngijo, petangipun 200 iji namung rêrêgèn 1 sèn, nanging ing sapunika sabên 250 iji sagêd pajêng 14 sèn. Awit saking kaparêngipun Departement van Economische Zaken, ing sapunika ing Paree dipun wontênakên ambtenaar ingkang dipun wajibakên nindakakên babagan randhu, malah ugi badhe dipun wêwahi adjunct Landbouwconsulent.

Gêdhong mlêsêk. Gêdhong N.K.P.M. ingkang dipun êdêgakên wontên ing Koningsplein, Bêtawi, kasumêrêpan bilih adêging gêdhong wau sabên dintên mlêsêk 3 mm. Dados kintên-kintên sawulanipun badhe ngantos dados 9 cm. Bab punika kamanah badhe ambêbayani, mila lajêng kawontênan rekadaya kapêndhêman cagak-cagak bêton ing dhasaripun.

Bab ura-uru ing Amuntai. Ing bab ura-uru ing Amuntai, Borneo, ing sapunika sampun pinanggih têntrêm. Cacahing tiyang ingkang nindakakên ura-uru wontên 70, kêcêpêng ingkang 50. Militèr tuwin veldpolitie têrus nindakakên pajagèn tuwin madosi tiyang sanès-sanèsipun. Miturut papriksan, têtiyang ingkang nindakakên ura-uru wau botên jalaran tuwuh saking babagan pajêg utawi gêgayutan kalihan paprentahan, nyatanipun tuwuh saking gêgayutan babagan agami tuwin nêdya ngawontênakên tindak sabilulah.

Kitha Surabaya badhe kadamêl pêtêng. Pangagêng militèr ing Surabaya mêntas ngawontênakên parêpatan, ngrêmbag ing bab badhe nindakakên mêtêngi kitha Surabaya ing wanci dalu, badhe katindakakên wontên ing tanggal 28 October 1937. Têtiyang ing salêbêtipun kitha Surabaya kapurih sami mêjahi dilah ingkang sorotipun ngantos dumugi jawi. Tindak pêtêngan wau wontên antawising jam 9 dumugi jam 12 dalu, nanging botên katêmtokakên wancinipun ingkang lêrês. Bab punika namung ngangkah supados tiyang sagêd kulina dhatêng sasmita sarana suwara, ing samôngsa ing kitha Surabaya, saupami katêmpuh ing mêngsah badhe andhawahakên bom ing wanci dalu. Bom ingkang badhe dipun dhawahakên minangka cobèn, punika sanès bangsaning barang atos tuwin landhêp, namung barang isi glêpung, manawi ngèngingi tiyang botên sakit.

Babagan padagangan tanah ngriki kalihan Siam. Ing wêkdal punika consul karajan Walandi ing Siam Tuwan I.G. Staderman nuju wontên tanah Jawi, pêrlu rêmbagan kalihan ingkang wajib, murih sêsambêtanipun padagangan Siam tuwin tanah ngriki sagêd imbang kados ingkang sampun. Ingkang wigatos supados parentah ing tanah ngriki ngicalana tatanan matêsi lêbêting uwos saking Siam, dene tumrap Siam inggih badhe ngindhaki pamêndhêtipun gêndhis saking tanah ngriki.

EROPA

Panggung rêbah. Ing nalika wadya Jêrman nuju ngawontênakên ajar pêrang-pêrangan wontên Langerath, kathah sangêt tiyang ingkang ningali wontên ing panggungan. Ing kalanipun wontên baris, langkung, têtiyang ingkang ningali sami hurmat ngadêg, panggung wau lajêng njungkêl mangajêng, têtiyangipun ingkang wontên ing panggung cacah 5000. Ambruking panggung wau alon-alonan, kathah tiyang ingkang kêtaton tuwin putung balungipun. Sakala punika prajurit ingkang langkung kaêndhêgakên lampahipun saha lajêng têtulung. Para agêng ingkang mriksani sami wilujêng, namung consul Belgie nandhang tatu sakêdhik. Kintên-kintên wontên tiyang 1000 ingkang linggihipun wontên ing wingking, têtiyang samantên wau kathah ingkang sami nandhang tatu. Sanalika ngriku wontên pitulungan dhoktêr, saha lajêng kabêkta dhatêng griya sakit ing Euskirchen.

Prancis tuwin Inggris nindakakên damêl. Gêgayutan kalihan wontêning prajanjian ing Nyon, Prancis ngangkatakên kapal torpedo pambujêng 6, saha sampun dumugi ing Oran, dene kapal torpedo pambujêng Inggris 5 labuh wontên Nur-Al-Kabir. Kajawi punika kapal kangge ambêkta motor mabur Prancis ugi bidhal saking Toulon dhatêng Oran. Lampahing dêdamêl wau pêrlu nganglang kangge anjagi kawilujêngan.

Irak migunakakên basanipun piyambak. Parentah Irak (Pèrsi) amara-marakakên, supados sawarnining panggaotan, pabrik tuwin dagang ing Irak, punapadene pang-panging sudagar-sudagar ngamônca supados migunakna basa Irak, inggih punika ing bab sêsêratan sapanunggilanipun. Tindak punika kêdah kawiwitan kasèpipun wontên tanggal 1 Januari taun ngajêng. Sawarnining karcisipun rakyat Irak botên kenging kangge basa warni kalih, kêdah namung ngangge basa Irak thok. Recept-recept dhoktêr inggih kêdah kasêrat ngangge basa Irak. Namung tumraping basa ingkang gêgayutan kalihan kawruh, kenging botên ngangge basa Irak.

ASIA

Pamrayogi rukun. Wontên wartos, awit saking pamrayoginipun Inggris, supados pasulayan ing Tiongkok punika tumuntêna sagêd rukun kemawon, saha miturutana panêdhanipun Jêpan. Wontênipun Inggris gadhah pamrayogi ingkang samantên wau, amargi Tientsien tuwin Peiping ugi sampun dhawah ing tanganing Jêpan, malah panguwaos Inggris ing Tiongkok lèr ugi kêwêngku pamawasipun Jêpan. Manawi Tiongkok pancèn nyata badhe rukun, Inggris kadugi nglantarakên.

--- 1231 ---

Wêwaosan

II. Lêlampahanipun Dhobrinya

16

6. Alyasa

Sadèrèngipun anglajêngakên lêlampahanipun Dhobrinya kasêbut ing ngajêng, kados ing ngriki prêlu nyariyosakên sakêdhik ing bab lêlampahanipun Alyasa. Mênggahing kadibyanipun satriya punika, namung satunggal ingkang dipun pèngêti, inggih punika kalanipun pêrang tandhing kalihan: Tugarin.

Nalika pêrangipun Alyasa mêmêngsahan kalihan Tugarin, punika miturut dêdongenganipun, saèmpêr kalihan pêrang tandhingipun Ilyamura kalihan Idholice. Amila botên anggumunakên bilih wontên golonganing tiyang ingkang botên nganggêp dhatêng pêrangipun tandhing Alyasa kalihan Tugarin wau, saha gadhah pangintên bilih punika namung dongèng gagasan kemawon. Miturut katêranganipun para pujôngga ing Ruslan, pamanggih ingkang makatên wau saèstunipun kalintu. Jalaran pancèn inggih lêrês, bilih kathah lampah-lampahipun ingkang sajak saèmpêr makatên, nanging manawi dipun tingali andharanipun ingkang talêsih, punika têtela kathah sangêt bedanipun, ngantos sagêd nuwuhakên pamanggih, bilih pêrangipun Alyasa kalihan Tugarin, tuwin pêrangipun Ilyamura kalihan Idholice, punika wontên piyambak-piyambak.

Mênggah pamanggihipun para pujôngga ing samangke, wontênipun dêdongengan pêrangipun Ilyamura kalihan Idholice sawadyabalanipun, ingkang wêkasan andadosakên tiwasipun Idholice sapunggawanipun sadaya, punika sajatosipun pasêmon anggènipun agami Kristên sagêd ngêndhih agami nyêmbah brahala. Makatên ugi ungguling juritipun Alyasa kala mêngsah kalihan Tugarin, punika inggih satunggiling pasêmon, mênangipun agami Kristên nalika kasêbarakên wontên praja Ruslan. Pambudidaya nyêbarakên agami Kristên wontên ing tanah ngriku, punika sayêktosipun sampun lami sangêt. Dene mênggahing Alyasa punika, lugunipun anaking pandhita Kristên. Amila inggih layak kemawon, bilih kala Alyasa sagêd ngasorakên yudanipun Tugarin wau, lajêng kaanggêp kadosdene satunggiling pasêmon mênangipun agami Kristên dhatêng agami nyêmbah brahala, amargi Tugarin wau ing kala samantên dipun anggêp dados dewa, ingkang sinêmbah-sêmbah ing têtiyang saindênging praja Ruslan. Pêrangipun ingkang kapisanan kalihan dewaning agami nyêmbah brahala wau, Alyasa nêdya badhe kêkesahan dhatêng Kiyèf. Murih sagêda luwar saking dayanipun dewa wau, Alyasa ngangge-angge ngemba tiyang sukci.

Alyasa sagêd ngawonakên Tugarin, sarta sagêd anglajêngakên lampahipun dhatêng Kiyèf. Nanging ing Kiyèf, agami nyêmbah brahala wau dèrèng ical babarpisan. Ing wusana Tugarin, ingkang mêntas sagêd dipun kawonakên juritipun dening Alyasa wau, wontên ing ngriku lajêng sinêmbah-sêmbah kadosdene dewanipun. Salajêngipun, Alyasa nantang dhatêng Tugarin supados sagêda aprang tandhing malih. Sang nata tuwin para abdinipun pisan, sadaya para kawula ing Kiyèf, makatên ugi para sudagar mônca, ingkang ing kala punika sami dêdunung ing kitha ngriku, sami yakin, saha sami anêmtokakên, bilih dewaning agami nyêmbah brahala têmtu badhe mênang juritipun, ngêmungakên pandhita agami Kristên ing Cèrnigop, ingkang amêsthèkakên dhatêng mênangipun agami Kristên. Wêkasanipun mila inggih yêktos, dewaning agami nyêmbah brahala wau sagêd dipun kawonakên, nanging agaminipun dèrèng sagêd kabibarakên. Dene ingkang sagêd ngentasakên babarpisan dhatêng agami nyêmbah brahala wau, botên sanès kajawi pun Ilyamura, anaking tiyang tani. Samangke ing ngriki kados wontên prêlunipun nyariyosakên sakêdhik ing bab pêrangipun.

7. Alyasa kalihan Tugarin

Enjing umun-umun, nalikanipun sadaya têtiyang ing kitha dagang: Rosto, sawêg sami sakeca-sakecanipun tilêm, wontên satriya kalih mêdal saking kitha prêlu nêdya alêlana dhatêng ing tanah jajahan Ruslan ngupados mêngsah ingkang kintên-kintên sagêd anandhingi kadibyanipun. Satriya kêkalih wau, ingkang satunggal nama: Alyasa, satunggalipun malih nama: Yakim, kalih-kalihipun sampun sami prasêtya salami-laminipun nêdya badhe dados mitra sêjati. Anggènipun lumampah turut margi agêng nuju mangidul, punika sampun sadintên muput, ewasamantên dèrèng sagêd amanggih para satriya, ingkang sakintên kenging kaajak pêrang tandhing, abên kêkiyatan punapadene abên wulêding kulit.

--- 1232 ---

Ing sakiwa têngênipun ngriku katingal sêpên nyênyêt sarta angajrih-ajrihi, ewasamantên samargi-margi botên wontên sato galak ingkang ngrêridhu dhatêng lampahipun wau. sarêng sampun mèh sirêp surya, lampahipun satriya kalih wau dumugi ing margi pratigan, wontên ing pojoking margi ngriku wontên selanipun agêng mawi sêratan. Ing kala punika Alyasa lajêng wicantên dhatêng mitranipun:

Dhuh, sadulurku sinara wèdi Yakim. Kowe kuwi luwih wêruh ing sastra katimbang aku, mulane, mara nyêdhaka ing watu kae, lan wacanên karêping tulisan ing kono.

Yakim mêncolot saking kapalipun, nyêlaki sela, sarta kanthi sora maos punapa ingkang kasêrat wontên ing sela wau, makatên:

Dalan kang siji anjog nyang kutha: Murom. Kang ôngka loro mênyang Cèrnigof, dene kang ôngka têlu anjog nyang Kiyèf, kutha karajane Prabu Wladhimir.

Sasampunipun maos makatên wau, Yakim apitakèn: Dhuh, sadulurku kang dak trêsnani, Alyasa, dalan sing êndi kang nêdya kok êtut.

Alyasa amangsuli: Bêcike padha ngêtukngêtut. dalan kang anjog nyang Kiyèf bae, lan bisaa sowan mênyang ngarsane Sang Prabu Wladhimir.

Mitra kêkalih wau lajêng anglajêngakên lampahipun mêdal margi ingkang ôngka tiga. Ing sarèhning ing kala punika sampun wiwit pêtêng, lajêng sami nêdya nyipêng, inggih punika wontên ing ara-ara ingkang têbih ngrika-ngriki. Salajêngipun satriya kalih wau lajêng mandhap saking kapalipun saha adamêl pakuwon.

Sasampunipun: Alyasa nuntên mapan tilêm, lan panjagining kapal cêkap kapasrahakên dhatêng mitranipun.

Sarêng sampun enjing mitra kalih wau sami tangi, Alyasa raup sarta ngumbah tanganipun mawi toya bun, sasampunipun lajêng kasrêbetan mawi andhuk pêthak, jèngkèng ngajêngakên keblat anêmbah dhatêng Pangeranipun. Salêbêtipun punika Yakim mêndhêt kapalipun, kaombèkakên, sarta lajêng katuntun dhatêng pakuwon ngriku. Kapal dipun lapaki, sasampunipun mitra kêkalih wau lajêng anglajêngakên lampahipun, mêdal ing papan ingkang sêpên-sêpên. Wontên ing margi satriya kalih wau pinanggih kalihan satunggiling druwis. Mênggah panganggenipun druwis punika, sanadyan panggêsanganipun namung sarana ngêmis kemawon, sayêktos angedab-edabi. Inggih punika: tlumpahipun sulaman sutra pitung warni, mawi plisir bênang êmas, dene tungkaking tlumpah salaka, mantolipun wacucaling kewan ingkang kathah pangaosipun, topinipun modhèl Yunani, lan têkênipun ingkang ing nglêbêt growong kaisenan timah ingkang anjalari bobotipun awrat sangêt.

Druwis wau suka urmat dhatêng satriya kalih wau, sarta lajêng wicantên makatên:

Kula ngaturi kasugêngan panjênêngan, satriya prawira. Yêktosipun kula ngraos gumun, dene anggèn panjênêngan sakalihan nitih kapal punika, ing sêmu kanthi ayêming panggalih. Punapa panjênêngan botên uninga bilih wontên bêbaya ingkang nêdya ngancam ing salira panjênêngan sakalihan. Ing pinggir lèpèn Sapat ingkang sisih ngrika, kula sumêrêp Tugarin ngaglah ngadhang sintên tiyanga ingkang langkung ing ngriku. Mênggah ingkang nama: Tugarin punika, dêdêg-piadêgipun agêng inggil, lan kêkiyatan punapadene kaprawiranipun, saèstu tanpa tandhing. Kapal tumpakanipun, punika mawi suwiwi sarta kiyat sangêt, saking cangkêmipun asring mêdal latunipun, tuwin kupingipun kumukus.

Mirêng aturipun druwis ingkang makatên wau, Alyasa nuntên amangsuli:

Sadulur, aku kapengin bangêt nêdya mungsuh pêrang tandhing karo si pênyakit iku. Nanging ora bisa yèn sarana panganggoku sing tak ênggo saiki kiyi. Candhakên kêreku waja, towok, lan kudhungku waja iki, lan tampakna nyang aku: tlumpah, mantêl, tudhung, apadene têkênmu kang abot kuwi.

Pun druwis mituruti punapa panêdhanipun Alyasa. Salajêngipun, Alyasa nuntên mangangge cara druwis sarta lajêng amêthukakên Tugarin kasêbut nginggil. Alyasa botên ngantos dangu anggènipun ngupadosi, jalaran sawêg kemawon nyabrang ing lèpèn, saking katêbihan piyambakipun sampun sumêrêp pun panyakit akrêmbyah-krêmbyah dhatêng. Ingkang anggêrêng sora sangêt ngantos adamêl oyaging wit agêng-agêng ing sakubêngipun ngriku, tuwin adamêl aliting manahipun Alyasa. Sarêng Tugarin sumêrêp dhatêng tiyang ingkang angemba druwis wau, piyambakipun cariyos kalihan jêlih-jêlih makatên:

He, druwis, apa kowe ora wêruh utawa kowe ora krungu ana ing ngêndi parane Si Alyasa, niyatku nêdya arêp dak toblos towokku sing dawa iki, sarta nêdya tak obong ing gêni kang mêtu saka cangkême jaranku kiyi.

Alyasa amangsuli:

Kula ngaturi kasugêngan panjênêngan, o, Gusti Tugarin. Satriya ingkang kacêluk mênggahing kaprawiran lan kadibyan panjênêngan, kula punika sampun sêpuh, sampun sangêt suda mênggahing pamirêng kula. Nitik ebahing lathi panjênêngan ingkang katingal saking ngriki, kados panjênêngan paring dhawuh punapa-punapa dhatêng kula, sampun pisan dados panggalih panjênêngan, gusti, manawi panjênêngan saèstu paring dhawuh dhatêng kula, sajatosipun kula botên mirêng babarpisan. Amila panyuwun kula, mugi panjênêngan krêsaa anyakêt mriki.

Badhe kasambêtan.

--- 149 ---

Nomêr 38, taun II

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam. Kawêdalakên sabên Rêbo.

Palakrama

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 76

Lampah-lampahipun badhe ngupados jodho

Ing sakawit têmtu inggih dipun pilihakên ingkang sagêd jodho kalihan tiyang sêpuhipun, lajêng dipun gathuk-gathukakên kalihan lageyan sarta pamanahaning anakipun, sarana nglampahakên: dom sumurup ing banyu, inggih punika miji tiyang ingkang kenging dipun pitados yêktos, kapurih anyumêrêpi kalakuaning lare ingkang badhe dipun angkah wau, punapa sakintên sagêd jodho kalihan anakipun. Mêsthinipun inggih botên sagêd ngêplêki kados raosipun ingkang badhe nglampahi piyambak, ananging mênggahing tiyang sêpuh mawas kalakuan sarta lageyaning anakipun punika mlèncènga inggih botên têbih, dados sampun kenging kangge namtokakên dhatêng lare ingkang badhe dipun angkah wau. Dene pamilihipun lare ingkang rumiyin sagêda cocog kalihan tiyang sêpuh, punika lugunipun prêlu sangêt, lan inggih cocog kalihan dhêdhasaripun tiyang Jawi, kados punapa gêgambaranipun mantu ingkang botên cocog kalihan marasêpuhipun, panjênêngan sadaya sagêd anggalih piyambak.

Manawi angsal-angsalanipun anggènipun ngêdom-êdom wau sampun sagêd cocog kalihan sadayanipun, punika limrahipun anak jalêr lajêng angajak nontoni, supados sagêd sumêrêp warninipun calon semahipun, awit punika prêlu sangêt, manawi lare botên rêmên warninipun, sagêd ugi kirang sae kadadosanipun, dados têrangipun sampun wontên pilah-pilahipun. Bab pamilihing bibit, bèbèt, bobot, wontên tiyang sêpuh, bab pamilihing warni wontên lare.

Sêsemahan ingkang katindakakên mawi lampah makatên punika, inggih kathah ingkang sae kadadosanipun, nanging ugi wontên ingkang kirang sae, kados limrahipun sêsemahan cara sanèsipun, inggih sae, inggih wontên cacadipun. Makatên lampahing sêsemahan cara lami.

K. 1753

--- 150 ---

Kridhaning Para Wanita ing Tanah Ngriki

Sanajana sampun dados tata kalimrahan, manawi para wanita tumut-tumut malêbêt dados warganing pakêmpalan, nanging bokmanawi inggih wontinwontên. saenipun, manawi ing ngriki kula damêl ancêr-ancêr sakêdhik, kangge têtimbangan mênggah lêlampahaning pakêmpalaning para wanita.

[Grafik]

Rara Siti Mariyam

Salah satunggiling pakêmpalan wanita ingkang sêpuh piyambak, inggih punika Wanita Utama ing Ngayogyakarta. Adêgipun sampun langkung saking 15 taun. Ing rumiyin namung wontên pang satunggal, inggih punika ing kitha Ngayogyakarta. Dene sapunika sampun anggadhahi golongan ing Surakarta, Ngayogyakarta, Purwakêrta lan Purwarêja. Kabêtahaning sadhengah golongan dipun adani ing pangrèh, dene sanginggiling golongan sakawan dipun adêgi pangrèh agêng.

Anggènipun anglampahakên padamêlan ing kalanganing pakêmpalan miturut kawontênan ingkang dipun bêtahakên, upami satunggiling golongan ambêtahakên wulangan kangge andondomi, ambêdhahi agêm-agêman (knipcursus) inggih lajêng dipun wontêni. Mèh sabên golongan gadhah sewan bala pêcah, sewan meja lan kursi, prêlu kangge nyadhiyani para warga ingkang badhe gadhah damêl, sagêda ngêdalakên arta sewan kanthi mayar. Makatên ugi mèh sabên golongan Wanita Utama gadhah arta simpênan kangge tulung warga ingkang kasripahan (fonds kematian).

Ing sakawit, Wanita Utama golongan ing Ngayogyakarta ngêdalakên kalawarti: Balewarti Wanita Utama. Sapunika kalawarti wau dipun pasrahakên dhatêng pangrèh agêng, punika andadosakên wiyaring têbanipun pakêmpalan. Ing sabên golongan lajêng kêduman kalawarti wau, ingkang lajêng sagêd murakabi ing ngakathah. Enggal-enggal mangke punika pangrèh agêng mêntas ngawontênakên konpêrènsi kalihan para golonganipun, prêlu ngrêmbag kabêtahaning pakêmpalan.

Nitik kawontênan ingkang sampun kêlampahan, pakêmpalan Wanita Utama punika adêgipun saya kêkah, tur inggih majêngipun nama botên pêksan, kanthi alon-alonan, nanging têmên lan têtêp.

Badhe kasambêtan

Siti Mariyam

--- 151 ---

Bab Dhêdhaharan

Ngaturi rêsèp, lumayanan kangge sadhèrèk ingkang blônja sakêdhik, tur namung mêndhêt pamêdalipun tanêman ing pakêbonan.

1. Manisan blimbing wuluh

Mundhuta blimbing wuluh sawijikan pèrès, dipun kumbah rêsik, lajêng dipun cocogi arnal satunggal-satunggal, lajêng dipun kum ing toya sarêm 1 sèn, toyanipun kalih wijikan panci, kangge ngêkum blimbing sadalu. Enjing dipun êtus, mawi irig dêling.

Lajêng anggodhog gêndhis 2 katos, toyanipun 2 wijikan. Manawi godhogan gêndhis sampun asrêp, blimbing kacêgurakên. Sabên enjing toya gêndhis dipun êngêt, blimbing dipun tus ing irig, makatên wau ngantos 3 dintên. Lajêng toya gêndhis kabucal, kasantunan toya gêndhis ingkang kênthêl. Gêndhis 3 katos, toyanipun 1 wijikan, patrapipun kados ing ngajêng, ngantos salêginipun blimbing, botên santun gêndhis malih. Manawi sampun lêgi lajêng kaêntas. Têrus kaêpe kawan dintên, sampun dados.

2. Agêr-agêr katès

Katès ingkang agêng satunggal, (katès matêng) dipun saring ing irig dêling. Agêr-agêr 3 iji, dipun godhog, toyanipun ½ gêlas. Manawi sampun ajur dipun paringi gêndhis 2 katos, têrus kagodhog, lajêng katèsipun dipun êmorakên, bilih sampun matêng, kaêntas. Manawi sampun asrêp, dipun iris-iris, lajêng kaêpe garing.

3. Glêpung pisang mêntah

Pisang raja, kêpok, byar, dipun oncèki, lajêng dipun parud mawi parud blèg (kokrok), lajêng dipun êpe garing. Manawi sampun garing kadamêla glêpung, lajêng dipun ayak ingkang alus, sampun dados glêpung pisang. Kenging kadamêl kuwih warni-warni, adamêl jênang, tuwin canthil, sakrêsanipun ingkang ngolah.

Bok Dirja, Banyumas

Bab Jampi

Sêdhah kagodhog mawi gêndhis batu kenging kangge jampi watuk, kaunjuk.

Bilih kringêt botên sagêd mêdal, prayogi badan dipun gosok (kakumbah) mawi godhong inggu kacampur kalihan cokak tuwin toya.

Jampi ngicalakên tuma

Isinipun srikaya ingkang sêpuh dipun bucal cangkokipun, lajêng dipun dhêplok. Sasampunipun lajêng kagodhog mawi lisah klêntik sakêdhik. Manawi sampun umob molak-malik (ampas sampun jêne) kaêntas, bilih sampun asrêp kasaring. Nganggenipun kados salimrahipun tiyang nglisahi rambut. Botên ngêmungakên tuma kemawon ingkang ical, ugi lingsanipun sagêd ical.

Supiyah. Banjar, Jatiraga

--- 152 ---

Tudhung Tanggêrang

Kados para maos sampun botên kêkilapan ingkang dipun wastani Tudhung Tanggêrang, mênggah kajêngipun, tudhung wau wêdalan ing Tanggêrang.

Tudhung Tanggêrang punika misuwuripun botên namung wontên ing tanah ngriki kemawon, ugi ngantos sumêbar dhatêng môncapraja. Kala ing taun 1887 Tanggêrang ngêdalakên tudhung dhatêng tanah ngamônca ngantos 145 yuta. Ingkang kathah piyambak dhatêng Prancis. Salajêngipun sapriki pangintunipun dhatêng tanah ngamônca ing sabên taun taksih lumintu.

[Grafik]

Tudhung wêdalan Tanggêrang punika kêgolong satunggiling padagangan ingkang sampun dangu tuwin ajêg pajêngipun, punika sababipun botên sanès, jalaran saking sae tuwin dipun bêtahakên ing tiyang kathah.

Ing ngajêng tudhung wau ingkang kadamêl dêling, ing sapunika ugi sampun migunakakên pandhan, warninipun pèni.

Mirid wontêning padagangan ingkang kados makatên punika, para maos tamtu sagêd manggalih pintên cacahing bêbau ingkang sami tumandang ing damêl, awit padamêlan wau sadaya mèh katindakakên ing tangan, sanès mêsin.

Mênggah sajatosipun padamêlan wau ingkang bab golongan nganam, ingkang kathah dipun tindakakên tiyang èstri, kados ingkang kacêtha ing gambar.

Manawi nitik kawontênan wau, tumrap tiyang èstri ing Tanggêrang, kenging dipun wastani botên badhe kasêpênan pangupa boga. Makatên ugi kêtitik bilih padamêlan wau pancèn mapan dados padamêlanipun tiyang èstri. Malah bokmanawi bab padamêlan anam-anam punika limrahipun sami dipun tindakakên ing tiyang èstri, nanging limrahipun namung dados padamêlan sambèn, upaminipun nganam gêlaran tuwin sanès-sanèsipun ingkang bangsaning anam-anam.

Ing pamuji padamêlan ingkang sagêd dados pangupajiwanipun tiyang èstri sumêbara ing pundi-pundi, saha sagêda angsal margi kadosdene ing Tanggêrang.