Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11, #1666

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1937, #1666
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1496.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1497.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1498.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1499.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1500.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1501.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1502.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1503.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1504.
10.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1505.
11.Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12, #1666. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1506.

Ôngka 88, Rê, Pa: 29 Ruwah Ehe 1868, 3 Nopèmbêr 1937, Taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan... f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Talaga Tempe, ing Sèlèbês Kidul - Cariyos Dewataning Akik ing Kayangan (Dalêpih) - Konggrès Instituut ing Bali - Gêgayuhaning Ngaurip - Kawontênan ing Tiongkok - Pahargyan ing Kêbumèn - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Talaga Tempe, ing Sèlèbês Kidul

[Grafik]

Talaga Tempe, ing laladan Wajo, apdhèling Boni, Sèlèbês, wiyaring talaga 110 km². Talaga wau sanadyan agêng, nanging manawi môngsa katiga, ing pinggiripun kenging kangge têtanèn, wontên griyanipun punapa.

--- 1378 ---

Cariyos Dewataning Akik, ing Kayangan (Dalêpih)

Nanging kauningana, tiyang ingkang dipun sumêrêpi, galibêding akik ing wanci dalu, limrahipun inggih tiyang ingkang rêmên ngambah papan sêpên, tur karêm cêgah nêdha tuwin tilêm.

Kajawi punika, sanajan sampun sagêd sumêrêp solahipun wontên ing toya makatên wau, ewadene dèrèng kantênan, sagêd mêndhêt, utawi nêmtokakên kasinungan. Malah ingkang sagêd pikantuk, trêkadhang botên kênyanan, nanging sajatosipun, tumrap ingkang sagêd manggih, têmtu sampun pinacangakên, badhe dhauping kabêgjan. Awit manawi kamanah ingkang wêning, kados lôngka sangêt, wontêning kadadosan, ingkang tanpa sabab.

Namung culikaning manah tuwin juliging manungsa, ingkang limrah lajêng momorsambu. Reka-reka slulup ing lèpèn Kayangan, prêlu ngupados akik, wasana sarêng mêntas tumuntên cariyos, lan nêdahakên, bilih sagêd pikantuk akik musthika, ingkang dumunung ing dhasaring toya. Nanging sajatosipun anggèning sangu, utawi rekadaya, bêktan saking griya.

Wondene dêdongenganipun, akik ingkang elok mawa gêsang wau, asli têsbèhipun Kangjêng Sunan Lèpèn, ingkang nuju pêdhot wasana mawut, lajêng sumêbar wontên ing lèpèn Kayangan, ingkang kasêbut ing nginggil, mila wujudipun sami bolong, kadosdene mêrjan. Namung dhapuripun botên ajêg, tuwin botên sami warninipun, wontên ingkang bundêr, wontên ingkang lonjong, trêkadhang nistha tiga, utawi sakawan tuwin sanès-sanèsipun.

Mênggahing kaol, akik ingkang kacariyos wau, limrahipun botên kenging kasade, utawi katumbas ing arta. Dene caranipun namung kêdah kalintonan barang, utawi kaurupan punapa kemawon, waton sanès arta.

Jalaran manawi ngantos katumbas ing arta, warilipun asring botên lana, wêkasan ical. Wondene atur kula, kenging kasêmantakakên dhatêng para ingkang sami nguningani, punapadene para ingkang kenging pinitados. Amargi ing Kayangan Dalêpih, ngantos dumugi dintên punika, taksih kathah wêwarnèn, tuwin kawontênaning patilasan, ingkang elok-elok.

Pêpèngêt: tumrap ingkang dèrèng paham dhatêng kawontênaning akik, langkung-langkung ingkang dèrèng sagêd, sampun pisan age-age kapiluyu, rêmbaging para bakul akik, ingkang sugih dêdongengan ingkang sarwa nglêmpara, prayogi kêdah èngêt, tuwuhing akal musibat, ingkang lair ing jaman balithukan.

Kajawi ta: manawi sampun mangrêtos piyambak, ingkang kalayan absah, utawi sampun anjajagi, dhatêng ginêming tiyang ingkang cariyos, punapa inggih satunggiling tiyang ingkang kenging pinitados, punika nyumanggakakên.

Wasana sadaya atur kula, lêrês tuwin lêpat namung sumôngga, saha nyuwun pangapuntên.

Pak Wira, Kêbumèn.

--- [1379] ---

Konggrès Java-Instituut ing Bali

Ing bab anggèning Java-Instituut ngawontênakên konggrès manggèn ing Bali, punika tumrap ingkang dèrèng mangrêtos, tamtu nyababakên punapa têka wontên ing ngriku.

[Iklan]

Mênggah katranganipun, anggèning Java-Instituut ngawontênakên konggrès ing ngriku wau, nama botên nyêbal, amargi Java-Instituut botên namung ngudi babagan kabudayan Jawi kemawon, ugi ngudi babagan kabudayan Madura tuwin Bali, tuwin ing bab punika ugi kalêbêt ing sêtatutên. Wontênipun makatên, mênggah sajatosipun kabudayan Bali punika sairib kemawon kalihan kabudayan Jawi. Dados tumrap gêgosokanipun, sagêd tulad-tinulad. Saya malih manawi ngèngêti kawontênan ing tanah Jawi ing jaman kina, kabudayan Jawi punika kathah gêgayutanipun.

Pinanggihipun wontên ing wêkdal punika, pulo Bali punika dados ucaping bôngsa ngamônca, ngantos dipun wastani: satunggaling nagari kêbak candhi, nagari kaelokan, nagari pangimpèn, tuwin sanès-sanèsipun, ingkang wosipun sadaya wau anggunggung sae tuwin elokipun pulo Bali. Mila ing Bali punika botên kêndhat dipun dhatêngi para andon lêlana saking môncapraja.

Dene kajêngipun, anggèning Java-Instituut ngawontênakên konggrès wontên ing Bali, supados ingkang sami rawuh sagêda manggalih tuwin ngraosakên dhatêng luhuring kabudayan Bali. Mila ing kala pa-

--- [1380] ---

[Grafik]

Konggrès JAVA-INSTITUUT

Ing Bali

Ing wêkdal punika ing sêrat-sêrat kabar sami ngêwrat pawartos ing bab wontênipun konggrès Java-Instituut ing Bali.

Wiwit dintên punika Kajawèn ugi ngêwrat pawartos wau kanthi gambar-gambaripun.

Gambar ing nginggil piyambak sisih kiwa: Kapal Op ten Noort ing palabuhan Surabaya ambêkta para ingkang badhe anjênêngi konggrès. Sarèhning ingkang numpak langkung 200, lajêng dipun ambali malih dening Kapal Van Waerwijck.

Gambar inggil sisih têngên, ing salêbêting Kapal Op ten Noort saking kiwa manêngên Edeleer Mr. H.J. Spit, Tuwan Folkersma tuwin Mr. van Helsdingen, pangarsa rad kawula.

Gambar têngah ingkang nginggil, Tuwan Bijleveld sakalihan, gupêrnur ing Ngayogya.

Gambar ngandhapipun K.G.P.A.A. Mangkunagara sakalihan Gusti Kangjêng Ratu Timur.

Ngandhap piyambak, Kapal Op ten Noort mêdal saking palabuhan Surabaya.

--- [1381] ---

panggihan, botên ngawontênakên rêmbag-rêmbag ingkang wigatos, punapa malih rêmbag ingkang lêbêt-lêbêt. Ingkang kawigatosakên ing kala punika ing bab anggènipun sami ngrawuhi ing pura-pura, yayasan-yayasan, tuwin mriksani jogèd warni-warni dalah têtabuhanipun.

Gêgayutan kalihan wontênipun konggrès punika, ing tanggal 18 Oktobêr kêpêngkêr S.S. ngawontênakên sêpur mirunggan namung kangge para ingkang sami badhe ngrawuhi konggrès, bidhal saking Ngayogya kintên-kintên jam 4 sontên dhatêng Surabaya, waragading lampah numpak sêpur wau angsal sudan 25%. Salajêngipun, dumugining Surabaya numpak kapal gadhahanipun K.P.M. nama Op ten Noort. Kapal punika agêng, padatan kangge lampah layaran saking Tanjung Priuk dhatêng Bêlawan Dhèli. Nanging ing wêkdal punika kasadhiyakakên kangge para ingkang badhe anjênêngi konggrès dhatêng Bali.

Nunggil dintên wau wanci jam 5 sontên, kapal bidhal saking palabuhan Tanjung Perak, Surabaya. Kintên-kintên jam 7 sontên sampun dumugi saêlèr pulo Madura, lampahipun lajêng ngênêr mangetan, lajêng menggok ngidul dumugi pasisir Bali sisih kidul wetan. Enjingipun, dintên Salasa, labuh ing Padhangbai, ajêng-ajêngan kalihan pulo Pênidha.

Ing dintênipun malêm Salasa wau, ing salêbêtipun Kapal Op ten Noort dipun wontênakên sêsorah, ingkang dipun wêdharsabdakakên dening Ir. P.H.W. Sitsen, pangagênging apdhèling Nijverheid ing Dep. Econom. Zaken. Suraosipun, mratelakakên ing bab kawêkêlan tuwin kabudayan Bali, kanthi pangajêng-ajêng mugi babagan wau sagêda majêng. Sêsorah punika namung minôngka pêpucuk utawi supados para ingkang ngrawuhi ing konggrès wau botên tumlawung sangêt.

Pambikaking konggrès ingkang lêrês, wontên ing dintên Salasa wanci jam ½9 enjing, oto-oto ingkang dipun nomêri 1 dumugi 100 ingkang bidhal saking Padhangbai, dumugi ing sangajênging purinipun pangagêng praja ing Dhènpasar, para tamu lajêng ngalêmpak wontên ing pandhapi agêng ingkang rinêngga-rêngga sakalangkung asri. Jam 11 komite panampi tamu Tuwan Cox, asistèn residhèn ing Dhènpasar, sawêg sagêd ambagèkakên para tamu. Ing ngriku mawi sêsorah ing bab pikantuking konggrès wau manggèn ing Bali. Makatên ugi tumrap pikantukipun dhatêng para ingkang sami rawuh.

Salajêngipun, pangarsaning Java-Instituut Radèn Harya Propesor Husèn Jayadiningrat ambikak konggrès, ngaturakên sugêng dhatêng para tamu ingkang têtêp, kados ta: wêwakil dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, wêwakil dhirèktur dhepartêmèn pangajaran K.G.P.A.A. Mangkunagara, K.G.P.A.A. Prabu Suryadilaga, wêwakil dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana, wêwakil dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta, Edeleer Spit, pangarsa rad kawula, Gupêrnur Ngayogyakarta tuwin sanès-sanèsipun.

Kajawi punika tumrap tamu sanès-sanèsipun, ingkang katingal, Tuwan-tuwan Abdul Rasid, tuwin Alatas, warga rad kawula, K.P.H. Adinagara, Prof. Dr. Drewes, Tuwan Gobee, Adviseur voor Inlandsche Zaken, para pangagêng praja laladan Bali, ingkang Bupati ing Bandhung. Para tamu wau kathah ingkang sami sakalihan.

--- 1382 ---

Raos Jawi

Gêgayuhaning ngaurip

[Kinanthi]

sok janma amêsthi butuh / suka ing tyas ajêg urip / malah datan mung ing donya / nadyan ana jaman akir / ing sajêge ngarah bungah / yèku manjing ing swargadi //

yèn kênaa yêkti lumuh / suthik sungkan angalami / susah nadyan mung sadhela / aywa manèh para janmi / nadyan sato gêgrêmêtan / uga bungah kang kinapti //

kawistara saka sêmu / saka solah lawan uni / sanadyana têtuwuhan / esthane lir andarbèni / rasa bungah kawistara / lêdhung-lêdhung milangoni //

woh ambiyêt agung-agung / punang puspa marbuk wangi / warna endah mawèh suka / mring sagunging kang udani / kadya nulya angalapa / yun angisêp punang sari //

dadi gênah bungah iku / gêgayuhan kang prêmati / wong sajagad pramudita / nadyan ngarah ika-iki / karêpe mung nêdya bungah / sukur bangkit sajêg urip //

bangkit bungah dalêm layu / yèn kataman susah suthik / wis tartamtu andupara / bangkit bungah sajêg urip / jêr si bungah lan si susah / salawase dadi siji //

mungguh bungah susah iku / tan liya rasaning ati / kang sajêge liru lambang / ya gèk bungah ya gèk sêdhih / yèn wis sêdhih nulya bungah / yèn wis bungah nulya sêdhih //

ana bungah angêlangut / ana bungah mung sathithik / ana susah ngalar-alar / ana susah mung saplênik / datan ana wong sajagad / siji bae kang ngalami //

sajêg urip bungah têrus / datan kanthi nandhang sêdhih / uga cêtha datan ana / kang ajêgan nandhang kingkin / awit anggêr ana bungah / wis tartamtu ana sêdhih //

sanadyana para ratu / para nabi wali mukmin / para sugih andrêbala / para janma kang winasis / wis tartamtu nandhang tikbra / sanadyan namung sathithik //

para janma kang balilu / para pêkir lawan miskin / iya padha ngrasa bungah / sanadyan namung sathithik / malah mandar durung kinar / yèn bungahe janma miskin //

para pêkir lan balilu / kalah kèhe lan wong sugih / apadene para nata / pra satriya lan pra wasis / jêr mungguhing bungah susah / datan nganggo pilih-pilih //

mung gumantung ing panggayuh / butuhe wong siji-siji / yèn karêpe kasêmbadan / wis tartamtu sukèng ati / môngka mungguh kabutuhan / beda-beda iku pasthi //

nadyan butuh mung sawujud / upamane butuh dhuwit / wong kang sugih karo mlarat / dyan tumênggung lan mas mantri / iku bae yêkti beda / yèn wong sugih antuk picis //

sarupiyah plêca-plêcu / datan bungah nanging sêdhih / beda bangêt lan wong mlarat / antuk dhuwit rispis putih / bungahe angudubilah / èsême dèn incrit-incrit //

dyan tumênggung ngrasa bingung / darbe picis satus rispis / yèn mas mantri darbe arta / satus rispis sukèng ati / dadi cêtha wela-wela / tuking bungah lawan sêdhih //

mung gumantung kang ginayuh / yèn kacakup sukèng ati / lamun luput banjur susah / wis mangkono sajêg urip / bungah susah datan pisah / wis ngalumpuk dadi siji //

bungah susah kang tumuwuh / tumrap sagung kang dumadi / jalarane beda-beda / gumantung kang angawaki / bungah susah gêgêntenan /

--- 1383 ---

bêbarêngan datan bangkit //

lire janma bungah iku / datan pisan ngrasa sêdhih / dene lamun nuju susah / datan bangkit sukèng ati / jêr si bungah lan si susah / sajatine mung sawiji //

yèn si bungah susah iku / tan patia apradondi / lire lamun nuju bungah / tan patia dèn turuti / balik lamun nandhang susah / tan patia krasèng ati //

lamun bungah andalarung / adhakane datan eling / tumindake nêrak sarak / yèn susahe anêmêni / ngilangake kapracayan / pangudine sirna ênting //

yèn susahe nganti jêdhug / banjur nekad ngayut pati / lamun bungah lawan susah / tan patia dèn tuhoni / banjur ngancik katêntrêman / luwih mulya dènnya urip //

bênêr mungguh bungah iku / sajatine mung sawiji / nanging akèh marganira / kang amurih sukèng ati / ana bungah kang amarga / darbe suta dadya pyayi //

ana bungah jêr kang sunu / kabèh padha wasis-wasis / ana bungah miyat putra / kang mituhu yayah wibi / ana bungah anak waras / kalis saka ing panyakit //

ana bungah antuk mantu / ana bungah darbe siwi / juru sabda ngrasa bungah / lamun nuju pêrgadêring / mêdhar sabda tinanggapan / kêplok surak wanti-wanti //

ana bungah dadya ngayun / pursitêring pêreniging / jêr rumasa yèn widagda / pra pulisi sukèng ati / bangkit mikut kang dursila / ana bungah dèn dhodhoki //

wong ugungan sukèng kalbu / tyase agung pindha wukir / lamun tômpa pangalêman / para dhukun sukèng ati / lamun bangkit sung usada / wong sing lara gêlis mari //

Badhe kasambêtan

Ki Darma Prawira. Kêpanjèn - Malang

[Iklan]

--- 1384 ---

Kawontênan ing Tiongkok

Upami ing jaman purwa, pinanggih ing paprangan ing Tiongkok ing sawatawis dintên punika kenging dipun wastani bratayuda, kajêngipun paprangan ingkang wêkasan. Dhawahipun tanggal 28 Oktobêr, panêmpuhipun wadya Jêpan ing Syang Hai kanthi ngêtog karosan, dene kajêngipun Jêpan, badhe nrobos mêndhêt saking margi sêpur Syang Hai - Nanking, ingkang tumuju dhatêng lèpèn Soko, urut pinggir kidul. Pangangkahipun Jêpan, manawi tindak punika kasêmbadan, nama sagêd misah dhatêng kêkiyataning mêngsah ingkang ing ngajêng prasaksat pangawak satunggal. Môngka sajatosipun ing papan ngriku punika dununging pabarisan Tiongkok ingkang langkung santosa, ingkang sampun tansah jagi-jagi nêdya rêrêmpon. Dados nyata sangêt bilih badhe panêmpuhipun Jêpan punika kanthi tekad agêng yêktos.

Ing pangintên Jêpan tamtu rêkaos anggènipun badhe nindakakên sêdyanipun wau, nanging nyatanipun Jêpan pancèn sarwa wêgig, tandangipun tansah sarwa mitadosi, lajêng nêmpuhakên motor mabur rumiyin, nênggêl dhatêng prênahing pabarisan Tiongkok ingkang dados pagêr kasantosan, saha lajêng nimbrungakên wadya mriyêman, nêmpuh wadya Tiongkok ing Hungyao saking wingking, ing ngriku kathah gêdhong ingkang èdi-èdi saha ingkang misuwur ing Syang Hai sami risak.

Ing ngriku wadya Tiongkok lajêng pasang krêtêg pitulungan, kangge margi têtiyang ingkang badhe ngili saking ngriku. Inggih punika para têtiyang mardika ingkang sami kêkêpang ing baya pakèwêd, saha ingkang kesahipun saking ngriku punika kanthi samaran.

Nanging têtiyang ing ngriku punika wontên 150 ingkang ngrungkêbi nêdya luluh wontên ing nagari wutah rahipun. Tekadipun, aluwung sirnaa babarpisan kanthi nglawan tinimbang gêsang nungkul. Tekadipun ingkang samantên wau lajêng nuwuhakên kêkêndêlan, saha pinanggihipun taksih dipun ayomi ing kawilujêngan.

Tindakipun Jêpan anggènipun nêmpuh ing ngriku punika sayêktosipun taksih wontên rangu-rangunipun sakêdhik, awit ing laladan ngriku punika wontên papan padununganipun bôngsa Inggris tuwin Amerikah. Nanging kadospundi malih, Jêpan kêpêksa lajêng akèn sumisih têtiyang ingkang sami manggèn ing ngriku, awit Jêpan prêlu badhe nyirnakakên griya-griya dalah wadya Tiongkok ingkang taksih tanggon wontên ing ngriku.

Sêdyanipun Jêpan punika kêncêng, sampun botên sagêd ewah malih, saha lajêng tumandang nêmpuhakên wadya gêgana ingkang adêdamêl bom tuwin wadya mriyêman, caraning panêmpuh kanthi lampah ngurung saking kilèn tuwin lèr wetan, tindakipun namung lon-lonan, nanging mitadosi. Dene ingkang dipun pêlêng ing Nansiyang. Lampahipun narajang lèpèn Soko.

Cucuking baris Jêpan saèstu sampun sagêd majêng dumugi krêtêg Jospil, nglangkungi margi sêpur Syang Hai - Anko ing lèpèn Soko, ing pundi papan ingkang katrajang lajêng dipun broki, ing salajêngipun laladan ing sisih lèr sampun dhawah ing Jêpan.

Sasampunipun kalampahan makatên, golongan [golong...]

--- [1385] ---

[...an] wadyabala Inggris ing ngriku rumaos manawi ing papan panggenanipun lajêng kambah ing kasamaran, amargi kêbêkta saking anggèning Jêpan santun gêlar mingsêr papaning panêmpuhipun. Mila jalaran saking kasamaran wau, para ingkang nêdya mêdal saking kalangan ngriku supados sami ngatos-atos, saha ing pangangkah ugi badhe nyuwungakên panggenan ngriku.

Ing salajêngipun wadya Jêpan ing saêlèr Syang Hai, lampahipun sampun dumugi ing margi sêpur Nansiyang - Kiyatang, malah lajêng sagêd dumugi gapuraning kitha Nansiyang. Plajêngipun têtiyang ingkang kêbujêng ing mêngsah sami ngungsi dhatêng papaning gêgolongan ngamônca, nanging kala punika sampun kêkêbakên tiyang ingkang sami ngungsi.

Ing kala punika Jendral Syangkaisèk dhatêng ing pusêring papan paprangan ing Soko, sacêlakipun Syang Hai. Ing ngriku Jendral Syangkaisèk dhawuh dhatêng para pangagênging paprangan, supados nanggulangi mêngsah sampun mawi tolih wingking, cocog kalihan pangajêng-ajêngipun wadya Tiongkok, aluwung sirna tinimbang nungkul.

Ing kala punika Jendral Syangkaisèk mêdhar sabda: bilih kawontênanipun ing Syang Hai pancèn kirang sae, nanging tumraping wawasan pêrang, pinanggih botên anguciwani, mila sampun ngantos nuwuhakên pamanahan ingkang botên-botên.

Kawontênanipun paprangan, Tiongkok pinanggih tansah kêsêsêr, ing ngriku wontên satunggiling jendral nama: Cuyaowa Kingtasang lajêng anyanjata badanipun piyambak dumugi ing tiwas, minôngka prasêtya ambelani nagari wutah rahipun ingkang tinêmpuh ing mêngsah.

[Iklan]

--- 1386 ---

Rembagipun Garèng + Petruk

Bab pahargyan ing Kêbumèn

II.

Garèng : Takpikir-pikir, Truk, kowe kuwi liyane mung arêp nacad, arêp nyeda lan arêp nguthik-uthik untu slilitên, ora ana...

Petruk : Ora, Kang Garèng, iki rêmbugan cara apa, ana nguthik-uthik athik untu slilitên.

Garèng : Hla wong untu kêslilitên diuthak-uthik bae, têmtune suwe-suwe rak iya abuh, têgêse: Kowe kuwi sêmune pancèn karêm bangêt gawe sêriking liyan. La gèk prêlune bae apa, kathik nyaruwe paladène, ambok dibungkêm cangkême, sanadyan kapiran-kapirun, lo kuwi nèk watak satriya.

Petruk : Kang Garèng, kaanan ing dunya kuwi ora bakal bisa sampurna, sanadyan sathithik-sathithik mêsthi ana cacade, Kang Garèng, apa manèh pahargyan kaya dene sing dianakake ana ing kabupatèn ing Kêbumèn, sing ramene sêmono, dhayohe prasaksat tanpa wilangan akèhe, saupama omongku kuwi mung: Wadhuh, kabèh, kaya ta: wadhuh ramene, wadhuh brêgase, wadhuh sêmangêre, wadhuh garange, wadhuh... êmbuh apa manèh, kuwi diaran-aranana aku arêp mung... golèk pêndhok bae, anggone gawe wawasan ora akanthi ati sukci. Sabanjure wawasanaku ora kêna diprêcaya, Kang Garèng. Hla, iya mêngkono kuwi angèle wong dadi jurnalis, Kang Garèng, sanadyan mung jurnalis nyimik-nyimik kaya aku iki. Nèk wong ing jaba mono nyawang pagaweyaning jurnalis, mêsthi iya ngucap: Wah, têrus-têrusan, hla wong anggêre ana sênêng-sênêng mêsthi diulêmi ajêgan. Ana karamean diulêmi, ana tongtonan sing apik-apik, diulêmi, ana rèsturan wiwit dibukak iya diundang. Nanging anggone jurnalis diulêmi kuwi mau, ora kok kaya tamu liya-liyane, yèn uwis iya uwis ngono bae, seje ngulêmi karo jurnalis. Karêpe supaya gawe wawasan apa sing wis dialami ana ing kono. Hla, kuwi ing kono cilakane, Kang Garèng. Ha wong kêpriye, nalikane aku gawe wawasan anane Kêthoprak Mardiwandawa kang main ana ing Batawi tumêkane saiki iki, dupèh aku rada ngalêmbana kurang panacade, lho, kuwi wis akèh sing andakwa sing ora-ora nyang aku, Kang Garèng. kaya ta: Wèh, Mas Petruk kiyi gênahe disogok karo egênare kêthoprak. Malah ana sing ngunèkake: O, Mas Bèi Petruk kuwi gênah ana sing disir kirane. Mara pikirên kuwi, Kang Garèng.

--- 1387 ---

Garèng : Wèh, kathik banjur rupa-rupa mêngkono sing dikandhakake, wis, wis, saiki banjurna angonmu gawe pêrslah kaanane tongtonan.

Petruk : Sauwise pathilan Srikandhi Mustakawèni, banjur ambalèni panêmbrama manèh, Kang Garèng. Iki sabênêre kanggo para tamu, sing rawuhe migunakake jam Jawa, Kang Garèng.

Garèng : Wèh, apa iya ora ambosêni, ta. Kathik dibolan-balèni mêngkono.

Petruk : Babarpisan ora, Kang Garèng, awit panêmbramane, kajaba modhèl, pancèn kêpenak dirungokake, lan tumrape aku, ana gunane, lagune mau banjur bisa cumanthèl ana ing utêk. Sabubare iki banjur dianakake gara-gara, yaiku mêtune Sêmar, Garèng lan Petruk. Bab lêlucone, durung agawe pamarême para tamu, kuwi mèmpêr, Kang Garèng, awit sing padha dadi isih padha bocah-bocah lêmbut bangêt. Nanging sing tansah dadi ngunguning atiku, pamilihe bocah-bocah sing main, kuwi kathik le mathuk têmên.

[Grafik]

Garèng : Nèk nitik kabèh sing kok kandhahake, sêmune kangjêng bupati ing Kêbumèn kuwi, ahli ing bab prakara rupa-rupa bangêt, kaya ta ing bab: kagunan, sabab miturut caritamu jogède sing padha main pêthilan, mula iya kampiyun têmênan, ahli ing bab karawitan, jarene kathêmlang-kêthêmlonge, sanadyan sing padha nabuh bocah-bocah bae, mêksa wis anglêr bangêt, kathik kabèh-kabèh nganggo nut, hla nèk pancèn dudu barang asli, apa iya bisa yasa sing kaya mêngkono kuwi. Hla banjur miturut caritamu, sing dadi sarimpi ora mèmpêr-mèmpêra bocah lanang, nanging wis wujud gêndhuk-gêndhuk kabèh, mêngkono uga sing dadi Wara Srikandhi lan Mustakawèni, saka ayune lan lêwêse iya bisa nibakake ikêt, luwih-luwih gara-garane iya wis mathuk, hla nèk ora bangsaning ahli, kathik ahli wirasat, apa iya sagêd milih sing kaya ngono kuwi.

Petruk : Omongmu kuwi mula iya bênêr têmênan, Kang Garèng, apa manèh salêbare kuwi, banjur pêrange Janaka karo Buta Cakil, wah pradan têmênan, Kang Garèng, iya Janakane, [Janaka...]

--- 1388 ---

[...ne,] iya Butane Cakil, wis pantês têmênan. Apa manèh saupama butane cakil diwulang pêncak sathithik, murih anggone main dhepok lan main langkahe bisa luwih luwês, lan jogède Janakane rada dialusake sêthithik bae, kiraku, wah tongtonan sing sampurna tênan.

Garèng : Sauwise iki apa banjur bubar, Truk.

Petruk : Isih ana rong wêton manèh, Kang Garèng, yaiku: 1e pêrange Minakjingga lan Damarwulan, hla kiyi mungguhing aku wis ora bisa mada manèh, pancèn iya wis kêmpling têmênan. Dene sing siji manèh, sing diarani: bêksan ing suwarga, Kang Garèng.

Garèng : Wèthèhthithèh, hla, iki tongtonan apa, Truk. Kathik modhèl-modhèl mêngkono.

Petruk : Iki modhèle ingkang bupati piyambak, Kang Garèng, yaiku jogède priya loro lan wanita iya loro, jogède, tandang polahe pancèn iya kêna ditongton têmênan, Kang Garèng.

Garèng : Wèh, hla kok ana-ana bae. Ora, Truk, mungguh panganggone bêksan iki kêpriye, sabab iki iya bisa muwuhi bêciking tongtonan.

Petruk : Hla, iki aku sing ora pati jodho, Kang Garèng, nanging bokmanawa jalaran kasusu sêlak arêp digêbyagake kuwi mau, sabanjure nuli kêsusu pamilihe panganggo. Nanging aku pracaya yèn ing têmbe burine panganggone bakal diowahi sing kira-kira bisa cocog karo jênêngane: bêksan ing suwarga mau. Awit kala samono panganggone prasaja bangêt, Kang Garèng, yaiku: Wanitane manganggo saèmpêr karo sêrimpi, dene priyane manganggo cara Ngayoja, dadi saèmpêr karo panganggone... kêthoprak.

Garèng : Wayah, kowe mono ana-ana bae sing koanggo ngêcuwis. Sauwise banjur kêpriye.

Petruk : Kira-kira jam rolas pahargyane bubar, Kang Garèng, hla, kiyi iya sawijining modhèl sing pantês ingalêmbana, awit suwening pahargyan mau jênêng: sêdhêngan, ora kêsuwèn, mulane aku prêcaya, yèn para tamune ora ngêmungake kalêgan panggalihe kabèh, nanging esuke iya ora kêsayahên, nganti ana ing pagaweane banjur... ngilêr. Mêngkono uga aku iya rumasa kalêgan atiku, mulane mungguhing panuwunku marang ingkang Maha Kuwasa, muga-muga ingkang bupati sakalihan pinaringana suka bagya, lan pangantèn sakalihan sagêda atut-runtut nganti kakèn-kakèn ninèn-ninèn.

Garèng : A... min.

Sêsorah ing Radhio saking Bale Pustaka

Benjing dintên Ngahad sontên tanggal 7 Nopèmbêr 1937, wanci jam ½ 8 dumugi jam 8, Bale Pustaka ngawontênakên sêsorah ing radhio Nirom 2 golflengte 190, ing bab Nelayan di Lautan Utara. Ingkang mêdhar sabda Tuwan St. Takdir Alisjahbana.

--- 1389 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Kapitunan tuwin pitulungan tumrap lindhu agêng ing Klathèn. Miturut wartos kapitunan ingkang jalaran wontêning lindhu ing Klathèn, sadaya wontên f 42.000.-, griya-griya ingkang risak wontên 2200. Karisakan samantên punika ingkang 1100 gadhahanipun tiyang siti ingkang kêkirangan. Manawi sadaya dipun dandosi, waragadipun f 16.000.-. Tumrap Smeroefonds sagêd ngalêmpakakên arta f 5000.-, para kabudidayan f 4500.-, saking Sampeyandalêm Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana f 500.-.

Pamulangan luhur Pangadilan. Lulus candidaatsexamen perangan kapisan, Tuwan-tuwan G. Deenstra tuwin Hasan Hoesali Rem.

Pasar malêm dêrma ing Bêtawi. Wiwit tanggal 30 October dumugi tanggal 4 November, ing Bêtawi wontên pasar malêm dêrma kangge pêrluning Tiongkok. Pasar malêm wau kapetang agêng, pangajêng-ajênging para ingkang sami ngadani damêl punika sagêda angsal arta ngantos f 75.000.-. Têtingalanipun warni-warni, makatên ugi padhasaranipun, kathah ingkang langkung sae, ingkang wosipun sadaya sami ngangkah sagêda angsal arta kathah.

Sêsorah Windu Kêncana adamêl botên prayogi. Ing dhusun Gondhang bawah Klathèn, kathah tiyang ingkang sami lumuh kapurih nyambutdamêl rukunan. Mênggah jalaranipun anggèning lajêng makatên wau, saking kalentuning panampi dhatêng raosing sêsorah babagan kawruh Windu Kêncana. Mila tumrap ingkang wajib anjagi sampun ngantos kêlajêng-lajêng wontênipun sêsorah ingkang kados makatên punika.

Pawartos ing bab têtulung kasangsaran T.1. Ing kala kasangsaranipun motor mabur T.1 ing Banda Neira, wontên satunggiling prajurit Marinê sumêrêp nalika dhawahing motor mabur wau, sakalangkung rikat, anjalari wadhahing bènsin lajêng pêcah. Ing kala punika, prajurit wau lajêng mandhap dhatêng sagantên nêdya têtulung, nanging lajêng kenging uwabing bènsin, lajêng wangsul, jalaran botên kuwawi, ngantos botên èngêt, salajêngipun kabêkta dhatêng kapal pêrang dipun upakara. Namung sawatawis dintên lajêng saras.

Barang damêlanipun têtiyang wuta ing Bandung. Pakêmpalaning para mitulungi têtiyang wuta ing tanah ngriki mêntas parêpatan wontên ing Blinden-Instituut ing Bandung, dipun pangarsani dening Tuwan J.E. Jasper. Parêpatan wau kawontênakên sabên taun, ing kala punika kapetang kaping 30. Miturut kawontênan, têtiyangipun ing ngriku sami saras-saras, bab padamêlanipun majêng. Wêlingan sikat tuwin kranjang, pinanggih marêmakên, miturut cathêthan ing buku, ing taun kêpêngkêr, ngêdalakên sikat 43.000, kranjang warni-warni 11.000, gêlaran sêpêt 875 m. jala voetbal 45.

Lampah layaran. Ingajêng sampun nate kawartosakên ing bab wontênipun baita ingkang purun ngêwrat kapal saking pulo Sumba dhatêng Pasar Ikan, Bêtawi. Bab punika mêntas wontên ingkang dhatêng ing Pasar Ikan, kapalipun pinanggih bagas-bagas, lampah punika kapetang sampun kalih rambahan punika. Mênggah waragadipun kapetang dhawah palih tinimbang kapal sanèsipun. Tindak punika ingkang nandhang kapitunan botên ngêmungakên K.P.M., ugi angèngingi S.S., amargi lampah wau ngantos dumugi ing Pasar Ikan, ingkang pancènipun S.S. inggih tumut kêbagean.

[Iklan]

--- 1390 ---

Bab wos ingkang malêbêt dhatêng tanah Sabrang. Miturut wartos saking Departement van Economische Zaken, tumrap laladan Sumatra Pasisir-Wetan tuwin Borneo-Kilèn, wiwit tanggal 1 November punika, botên tumbas malih wos Jawi saperangan, inggih punika petang 25% saking kathahing wos ingkang dipun lêbêtakên saking sajawining laladan wau. Anggèning nêtêpakên makatên wau, amargi kathahing wos ingkang dipun kintunakên dumugi sapunika saking tanah Jawi dhatêng tanah Sabrang, kenging dipun wastani sampun nyêkapi tumrap kangge nêlasakên langkungan wos pamêdal taun punika.

[Grafik]

Lulus pandadaran basa Esperanto. Ingkang kacêtha ing gambar punika para neneman ing Makasar ingkang sami lulus pandadaran basa Esperanto, inggih punika basa ingkang sagêd sumrambah ing tiyang sadonya.

Kasêrêg jalaran botên têtulung. Wontên tukang-tukang baita ing Sêmarang dipun sêrêg ing pulisi, jalaran nalika nuju wontên kasangsaran bangsa Eropa tiga sami kêcêmplung ing Kali Baru botên têtulung.

Bab salingkuhan arta f 17.000.-. Pangadilan Landraad ing Bandung mêntas ngrampungi prakawisipun dakwa tilas kasbeheerder tiyang siti ing station S.S. ing Bandung, jalaran nêlasakên arta f 17.000.-. Dhawahing karampungan, dakwa kaukum 3 taun, kasuda tahanan.

Rajapêjah ing kabudidayan. Wontên wartos, ing kabudidayan tèh ing Pênyairan Priyangan wontên punggawanipun Walandi nama C.F. van Lindonk dipun prajaya ing tiyang, dumugi ing tiwas. Kasumêrêpanipun ing tiyang, tuwan wau sampun ngajal. Sintên ingkang mrajaya tuwan wau dèrèng kasumêrêpan. Tuwan wau mêntas wangsul saking verlof dhatêng Eropa.

Kêbêsmèn wana. Kawartosakên, sampun sawatawis dintên, wana ing lèrèngipun rêdi Anjasmara, Mojokêrta, kêbêsmi, jêmbaripun ingkang kêbêsmi kirang langkung wontên 3000 hektare, cêrubing latu sakalangkung agêng, salajêngipun kathah ingkang tandang, ngantos nêm-atusan, inggih punika têtiyang dhusun tuwin para veldpolitie, ewadene dèrèng sagêd sirêp babarpisan. Kala punika asistèn-residèn ing Mojokêrta nênggani piyambak.

Nyobi kapal pulisi. Benjing dintên Kêmis ngajêng punika, ing Tanjung Priok ngawontênakên cobèn-cobèn nglampahakên kapal pulisi nama Bantam, ingkang kadamêl wontên ing Tanjung Priok, kanthi dipun jumênêngi ing para pangagêng tuwin residèn ing Bêtawi.

Ewah-ewahan punggawa praja. R.M. Soekarman Danoesoebroto, boschopzichter, kakèndêlan saking padamêlanipun, amargi kirang saras badanipun, kanthi gadhah wêwênang pènsiyun. M. Sastrosoewignjo, boscharchitect dipun pasrahi nyêpêng laladan wana Têmuirêng tuwin Dhoplang. R. Goenawan, Goevernements Ind. Arts Pakaryan Kasarasan, kapindhah saking Raha, Cêlebês, dhatêng C.B.Z. Ing Surabaya. Tuwan Sadjiman, tijd. Wd. Goevernements Ind. Arts Pakaryan Kasarasan ingkang sapunika kabantokakên dhatêng Gupêrnur Jawi-Têngah, ingkang kapatah nyambutdamêl dados bawahipun Pakaryan Kasarasan tumrap Jawi Têngah, kapindhah saking Sêmarang dhatêng Bima, kangge nanggulangi nularing sêsakit lepra. R.T. Soerjosoebroto, 1e luitenant der cavalerie, sadhatêngipun saking nagari Walandi, dipun papanakên ing half-regiment cavalerie ing Bandung. R. Soemarto, commissaris van politie klas 2 ing Têgal, kabantokakên dhatêng Gupêrnur Jawi- Têngah.

Sêsakit rajakaya ing Kêdhiri. Ing wêkdal punika ing laladan Kêdhiri tuwuh sêsakit rajakaya ingkang nama mond en klauwzuur. Rajakaya ingkang sakit wau botên purun nêdha, jalaran cangkêmipun tansah ngêdalakên unthuk (muruh), tuwin badanipun sakit, jalaran tracakipun ngêmu toya. Sêsakit wau tuwuhipun wontên ing laladan ngriku kapetang ragi kathah.

Dêrma saking firma Lian Yoeng. Firma Lian Yoeng kajawi dêrma arta dhatêng Tiongkok ugi dêrma tablet kenine cacah 100.000 iji.

Kintunan kajêng dhatêng Jêpan. Wontên wartos ing bab kintunan kajêng saking tanah ngriki dhatêng Jêpan badhe dipun kirangi, malah sagêd ugi dipun suwak babarpisan. Kajêng saking tanah ngriki ingkang kakintunakên dhatêng Jêpan punika asli saking Sangkulirang. Manawi bab punika sagêd tumindak, botên patosa damêl kapitunan. Namung tumrap Sêlêbês pinanggih adamêl kapitunanipun tanah ngriki, amargi ingriku kathah ingkang kajêng arêng-arêng ingkang dipun têgori kasade dhatêng Jêpan. Tumrap taun 1937 tanah ngriki ngintunakên kajêng dhatêng Jêpan 60.000 ton kajêng atos tuwin kajêng êmpuk saking Borneo, tuwin 2500 ton kajêng arêng-arêng Sêlêbês.

Pasarean kulawarganipun Pangeran Paribrata. Pangeran Paribrata, satunggiling pangeran Siam ingkang manggèn ing Bandung, mundhut pasitèn wontên ing Lembangweg, pêrlu badhe kangge pasarean (kuburan) sakulawarga. Katingalipun sang pangeran punika sampun têntrêm manggèn wontên ing tanah ngriki.

NAGARI WALANDI

Bab palwa gêgana zeppelin botên saèstu. Ing ngajêng nate wontên wartos bilih badhe wontên lampah anggêgana ingkang katindakakên mawi zeppelin saking nagari Walandi dhatêng tanah ngriki. Ing sapunika wontên wartos, sêdya wau botên saèstu, amargi Jêrman ing wêkdal punika botên badhe nyade zeppeling dhatêng sanès praja.

Putra Raja Putri Juliana. Wontên wartos, putra Raja Putri Juliana, kakunga utawi putria mawi asma Oranje-Nassau. Mênggah tatananipun sasêbutan: Prins (es) der Nederlanden, ugi van Oranje-Nassau, utawi van Lippe-Biesterfeld. Dados nama Oranje-Nassau ingkang sakalangkung luhur punika ugi badhe kagêm sêsêbutaning darah.

EROPA

Pogokan ing kapal pêrang Rus. Satunggiling kapal pêrang Rus ingkang nuju labuh wontên sacêlakipun Linen, têtiyangipun sami mogok. Miturut papriksan, jalaraning mogok, saking botên cocog ing bab wontêning cadhong têdha. Ingriku wontên upsir tuwin pangkat sangandhapipun cacah 58 dipun ukum kisas tuwin 34 dipun kunjara.

--- 1391 ---

Wêwaosan

Pêpisahan ngantos pitung taun, sagêd pinanggih malih. (Dongèng)

Dening Slamêt.

4

Sasirnanipun tiyang sêpuh, lajêng santun kawontênan, ing griku kula kalihan Jim lajêng mlampah-mlampah kalih dintên, dumugi ing satunggiling kadhaton agêng èdi endah, pagêripun banon sêlang-sêling banon salaka. Kula nyumêrêpi kawontênan kados makatên punika, manah kula kapengin badhe sumêrêp ing nglêbêtipun, kula lajêng nyêbut kalimah tayibah, ing ngriku korining griya wau lajêng mênga, kula lêbêti ing ngriku taksih wontên aling-alingipun gêbêr sutra kandêl tuwin sutra tipis. Gêbêr kula bikak, ing nglêbêt wontên banawinipun, ing sapinggiring banawi katingal wontên dhêdhaharan rampadan ingkang katata bêbanjêngan, lan wontên tiyangipun kalih, warninipun bagus-bagus, nanging dêdêg pangadêgipun sakalangkung inggil, sami têtêgaran numpak kapal, sukunipun kalangsrah ing siti. Kula nekad nyêlak dhatêng ing meja ingkang wontên dhêdhaharanipun wau, lajêng nêdha tuwin ngombe satuwuk kula, botên wontên ingkang nyaruwe, malah tiyang ingkang têtêgaran wau cariyos: Wah, manungsa, kowe bêgja, sênêng-sênênga, kowe bakal pinaringan slamêt sapandhuwurmu. Ora luwih aku mêkas karo kowe, mêngko kowe yèn kêtêmu karo wong sing nganggo surban ijo, salam taklimku aturna ing panjênêngane.

Kula nglajêngakên malih lumampah kalih dintên, sumêrêp masjid ing pinggir margi, ing ngriku wontên tiyangipun neneman, panganggenipun sarwa ijêm, sawêg pinuju lênggah, piyambakipun cariyos rêraosan: Wong iki rak dadi golèkan karo sanak rabine. Wangsulan kula: Inggih pancèn lêrês. Tiyang neneman lajêng cariyos malih: Atimu aja sumêlang, mêngko ing ngarêpmu kana, bakal ana wong sing nuduhake kabêcikan lan angulihake kowe.

Kula lajêng mlampah malih, sumêrêp satunggiling masjid, ing nglêbêtipun wontên tiyang neneman lênggah, pangagêmanipun srêban ijêm. Ing panggenan ngriku katingal wontên sumbêran toya, tuwin wit dalima ingkang nuju awoh ambiyêt, wohipun agêng sami kalihan sêmôngka jingga. Tiyang neneman wau ambagèkakên dhatêng kula: Tamim, têkamu ing kene padha slamêt. Wis suwe bangêt anggonku ngarêp-arêp têkamu. Kowe bêgja dene bisa wêruh kaanan ing kene.

Tiyang neneman lajêng maringi dêlima dhatêng kula, kapurih nêdha sanalika, bibar nêdha dêlima lajêng ngombe toya ing sumbêr, saha sêsuci sapiturutipun. Tiyang neneman lajêng cariyos: Kowe saiki nontona marang ing gunung kae, supaya wuwuh sêsurupanmu manèh, awit ing gunung kono akèh kaanan kang endah durung tau ana wong sing wêruh, mula lakumu ambacuta têrus bae marang gunung. Mêngko apa kaanan kang kosumurupi, caritakna kabèh marang aku.

Kula lajêng minggah dhatêng ing rêdi, ing ngriku kula kêpêthuk tiyang èstri mangangge sandhangan sae, manahipun sêmu angandhut susah, kula aruh-aruhi èstri wau kèndêl kemawon. Kula lajêng mlampah malih pinanggih tiyang sêpuh angisèni kolah (jêdhing) bolong, toyanipun mêdal, mila wangsul dhatêng sumur malih, têrus dipun jogi tanpa kèndêl. Tiyang wau kula aruh-aruhi: Kisanak bolonganing kolah punika upami dipun sumpêli rumiyin, kados langkung prayogi, dados lajêng sagêd kêbak. Wangsulanipun: Anggèr, kowe aja cawe-cawe barang kang kowe ora nandangi, mundhak olèh wangsulan kang ora nyênêngake atimu. Kula lajêng mlampah malih kalih dintên, kapanggih tiyang sêpuh manggul papah kurma ing pundhak, papah wau mawi dipun kalungakên dhatêng gulunipun, kalihan lumampah ngalèr ngidul, sarta papahipun botên kantun, kula aruh-aruh: Kisanak, bêktan sampeyan papah kurma punika bok inggih kasèlèhakên rumiyin, kajêngipun ragi mayar sawatawis. Wangsulanipun: Anggèr, pangemanmu marang aku tak tômpa tarima kasih. Kowe prayoga tumuli balia manèh marang ngarsane wong kang ngakon kowe anjajah pagunungan mau, iku asmane: Bagendha Kilir, banjur takona apa kaanan sing wis kosumêrêpi, tamtu panjênêngane karsa ngandharake saprêlune.

Piwêlingipun tiyang sêpuh wau kula èstokakên, kula lajêng wangsul malih dhatêng ing panggenanipun Bagendha Kilir, dumugi ing ngarsanipun, kula lajêng nyariyosakên kawontênan ing rêdi ingkang nêmbe kula sumêrêpi, saha ngaturakên lêlampahan kula wiwit bidhal saking griya, ngantos dumugi ing ngarsanipun Bagendha Kilir punika, panjênênganipun lajêng anjarwani makatên:

Kowe ngrêtia, Tamim. Jim kang anggawa kowe saka ing omahmu, iku jênênge: Maemun, panggonane ana ing dhasaring bumi.

Têkamu sapisan saka ing omah, dijujugake ing sawijining panggonan, kang nalika kowe nuli ditinggal lunga karo si jim Maemun, panggonan mau kalêbu talatahing nagara jim kang padha nyêmbah gêni.

Nalika kowe katut kaboyong ing mungsuh, sabanjure kowe kaapdèkake marang sang ratu, dadi abdi kang kinasih. Ratu mau jim mukmin, asmane: Mahan.

--- 1392 ---

Nalika kowe arêp diulihake karo Sang Ratu Jim Mahan, kang didhawuhi ngulihake, sawijining jim kang ditulungi dening Sang Ratu Jim Mahan diuculi bandane lan balênggune, jim mau arane: Dahnas bin Markon. Dene dhèwèke dipidana kaya mangkono iku, jalaran kaluputan karo Nabi Suleman.

Nalikane Jim Dahnas kobong ana ing ngawang-awang sinambêr blêdhèg, nanging kowe slamêt saka ing bêbaya, lan kowe tiba ana ing sagara ijo, banjur ditulungi dening sawijining manuk, diêntasake marang dharatan, lan diombèni saka ing cucuking manuk, manuk mau jênênge: Iskak. Sabanjure kowe ditulungi dening sawijining kewan kang asikil papat, gêlêm kotunggangi, nanging lakune nurut sakarêpe dhewe.

Dene pandhita kang ngampirake kowe, iku kalêbu sakabate Nabi Ngisa.

Prau kang kotunggangi sakancamu, nganti pêcah ana ing dalan banjur kèrêm, iku praune Raja Indi.

Nagara gêdhe lan rêja, kang ora ana watêse dalah gapura watêsing kutha ora dianani, lan ora ana ratu lan patihe, iku nagarane umate Nabi Yunus.

Wong nonoman, kang linggih ana ing guwa nganggo lèmèk pasujudan, iku jênênge: Mahdi.

Jim kang ngajak lêlungan karo kowe, kang mangkate saka ing omah padha anggawa sangu mimis, ngloro edhing, jim mau jênênge: Ngaflag. Iku ngratoni lan manggêdhèni sakèhing jim, iya iku kang nyolong putrine Raja Andalus, sarana disambêr saka ing dhuwur payoning kadhaton. Putri mau mèlu ratu Jim Ngaflag, nganti mêtoni anak loro, nanging sing urip mung siji, sing siji mati.

Dene jim kang anggawa kowe saka ngarsane sang putri Raja Andalus, prêlu arêp ngulihake kowe mênyang omahmu, iku jim arane: Sakab.

Wong kang turu ana ing kathil gadhing, nganggo ali-ali yakut abang, iku jênênge: Suleman bin Dawud. Lan upama Jim Ngaflag bisa kalêksanan anggone nyolong ali-ali, dhèwèke bisa angêrèhake marang para ratuning jim kabèh.

Wong kang mripate pece siji, jênênge: Abu Jalumah, iku dudu golonganing jim, nanging iku bangsaning iblis, padunungan kang diênggoni iku pulo Banirohtin.

Wong kang mripate picak siji, kablênggu sarta dicancang ing wit-witan, iku uga dudu bangsaning jim, nanging iku bangsaning dajal.

Wong loro bagus-bagus kang padha nunggang jaran têtêgaran, iku jênênge: Jibril lan Mikail.

Wong nonoman kang ana ing masjid, agêmane sarwa ijo, iku Nabi Ilyas.

Wong wadon kang ngadi busana, iku pralambanging donya ora langgêng, mula wadon mau sanadyan pêpaèse wis ora kurang bêcik, ewadene mung tansah nangis bae tanpa mênêng, marga dhèwèke ngandhut susah lan prihatin, bakal êntèking umure.

Dene wong kang ngangsu ngisèni kulah bolong, iku dadi pralambanging wong maling, kang olèh-olèhane barang colongan disêdhêkahahe. Wis samene bae Tamim, kang prêlu tak jarwakake. Sasampunipun kula dipun paringi jarwanipun kawontênan ingkang sampun kula alami, kula lajêng nyuwun pitulungan ing panjênênganipun Nabi Kilir, sagêda kula mantuk dhatêng Madinah. Nabi Kilir amarêngakên panyuwun kula wau. Kula lajêng kadhawuhan tilêman ing panggenan ngriku botên kalilan pindhah. Nabi Kilir lajêng mundhut pitulungan ing mega ingkang pinuju langkung ing ngriku, dipun dhawuhi ngantukakên kula, kula lajêng kabêkta dening mega wau. Kula botên kraos punapa-punapa, sumêrêp-sumêrêp sampun wontên sanginggiling payonipun griya kula piyambak, kula lajêng enggal-enggal mandhap, wusana ing nglêbêt griya kula, jêbul sampun wontên tiyangipun jalêr, inggih Ngabdulah Ansori punika. Makatên kawontênaning lêlampahan kula salêbêtipun pitung taun, saha kaelokan ingkang sampun kula sumêrêpi, mugi andadosna kauninganipun Bagendha Ngali, saha panjênênganipun Kalipah Ngumar.

Satêlasing atur jawabanipun Tamim, saha prakawisipun sawêg dados panggalihanipun pangadilan ukum, ing ngriku Ngabdulah Ansori murugi saha nyêlak dhatêng Tamim. Kajawi ambagèkakên wilujêng, ugi kalihan anglairakên cariyos bilih piyambakipun trimah kapêdhot tangsuling nikahipun kalihan Bok Tamim, tuwin botên badhe ngulurakên prakawisipun, namung badhe nglêstantunakên anggèning pasadherekan kados ingkang sampun-sampun.

Sasampunipun Tamim nampèni karampungan lêrês mênang prakawisipun, lajêng kaparingan kawêlasan arta saking Baitulmal kathahipun 100 dirham. Tamim lajêng dipun lilani mantuk dhatêng ing griyanipun piyambak, sarêng kalihan Bok Tamim.

Pawartos RadhaksiRedhaksi.

Lêngganan nomêr 2191. Punggawa nagari ingkang kalêbêt golongan II (golongan A lan B kina) sanajan dhinêsipun sampun cêkap 30 taun, yèn umuripun dèrèng 55 taun, botên sagêd kaparingan pènsiyun. Kajawi manawi jalaran saking ewahing èngêtan utawi cacading badan.

Punggawa ingkang waunipun kalêbêt golongan B utawi C sarta ingkang nalika 1 Oktobêr 1934 utawi 10 taun sasampunipun 1 Oktobêr 1934, miturut pranatan rumiyin sampun cêkap dhinêsipun utawi umuripun, tumrap punggawa wau ingkang kaêcakakên pranatan pènsiyun ingkang rumiyin.

Murih cêthanipun mriksanana Polêk Almanak Jawi 1937.

--- 169 ---

Nomêr 43 taun II

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam. Kawêdalakên sabên Rêbo.

Dèwi Kunthi

Sadaya tiyang punika mêsthi gadhah gêgayuhan utawi jôngka, kasêmbadaning gêgayuhan utawi jôngka wau sarana gayuhan utawi kajangkah, utaminipun kêdah ngangge têpa palupi saha têpa salira minôngka ancêr-ancêr utawi pandom saha dhêdasar.

[Grafik]

Nyi: Darma Prawira.

Ing ngatasipun para wanita utawi golongan ibu, manawi anggayuh utawi anjangkah, punapa kemawon ingkang kangge têpa palupi inggih lêlampahanipun golongan ibu, têpa saliranipun inggih ingkang laras kalihan raos kawanitan, inggih punika kasusilan.

Dèwi Kunthi punika ibunipun Pandhawa, awit saking kasantosaning panggalih saha kaprigêlanipun anggulawênthah putra, akiripun sami manggih kamulyan, dados pandam pangaubanipun sasamining gêsang, pantês sinudarsana.

Sanadyan lêlampahanipun sang dèwi punika sampun kauningan ing ngakathah, nanging kangge ngèngêtakên ingkang kasupèn saha nyêrêpakên ingkang dèrèng sumêrêp, prayogi kula andharakên malih kalihan cêkak, pêpiridan saking padhalangan.

Kacariyos, Sri Maharaja Basukêthi Nata Binathara ing Mandura kagungan putra sakawan, kakung tiga, putri satunggal, inggih punika: Arya Basudewa, Dèwi Kunthi, Arya Prabu saha Arya Ugrasena. Kakungipun sami prawira ing ngayuda, putrinipun susila ambêg tama, endah ing warni, dados sêkar kidungipun para nata saha para satriya, mila sami: ngêbun-êbun ênjing, anjêjawah sontên dhatêng Mandura, nyuwun momong sang dèwi kaangkat dados pramèswari. Nanging sang nata dèrèng sagêd amancasi, panggalihipun sangêt kawêkèn, jalaran manawi katampi salah satunggal, sanèsipun tamtu sêrik, botên sande badhe pêrang rêrêmpon, adamêl karisakaning praja. Yèn katampia sadaya botên badhe kalampahan, jêr dede mêsthinipun wanita awayuh priya,

--- 170 ---

saèstu ginujêng ing bawana, ngucêmakên asmaning nata Binathara. Pêpuntoning galih lajêng ngundhangakên sayêmbara pilih.

Dumugining môngsa kathah para nata saha para satriya ingkang sami ngêdali sayêmbara, pungkasaning sayêmbara ingkang kapilih sang dèwi dados jatukramanipun inggih punika Radèn Pandhu Dewanata, raja putra ing Ngastina, sanalika ugi sang dèwi kaboyong.

Wontên ing margi kabegal dhatêng Radèn Narasoma, mundhut sang dèwi, Radèn Pandhu botên suka, dados pêrang, Radèn Narasoma kapanah maruta, kombul, sambat manawi kawon, mundhut kaandhapakên. Minôngka panêbusipun Radèn Narasoma maringakên ingkang rayi nama Dèwi Madrim, supados kagarwa. Radèn Pandhu miturut, sang dèwi kalêbêtakên ing kancing gêlung, nunggil kalihan Dèwi Kunthi, lajêng nglajêngakên lampahipun.

Botên antawis têbih, kacêgat dhatêng Prabu Anggêndara nata ing Plasajênar, Dèwi Kunthi kapundhut, Radèn Pandhu botên suka, lajêng pêrang, Prabu Anggêndara kasoran, lajêng maringakên ingkang rayi nama Dèwi Anggêndari dhatêng Radèn Pandhu, supados kagarwa, minôngka pratandhaning kawon. Radèn Pandhu Dewanata miturut, Dèwi Anggêndari lajêng kalêbêtakên ing kancing gêlung, nunggil kalihan Sang Dèwi Kunthi saha Dèwi Madrim.

Sadumugining praja Ngastina, ingkang raka Arya Dhêstharata mundhut salah satunggiling putri wau, badhe kagarwa, ingkang rayi botên suwala, nanging ing panggalih owêl dhatêng Dèwi Kunthi saha Dèwi Madrim, badhe ngaturakên Dèwi Anggêndari awon dinulu, mila lajêng dipun rekadaya, Dèwi Kunthi saha Dèwi Madrim sariranipun kabalonyo ing wêdhak ingkang kasar tanpa gônda, wangsul Dèwi Anggêndari wêdhakipun lumêr, gandanipun amrik minging. Sasampuning makatên, ingkang raka kaaturan milih.

Sarèhning sang arya punika wuta, dados pamilihipun namung sarana kagrayang saha kagônda, mila Dèwi Anggêndari ingkang kapilih. Sang dèwi duka, aprasapa: Ing têmbe turunipun dados satru bêbuyutan kalihan turasipun Radèn Pandhu Dewanata, prasapa wau siuransinauran. gêtêr patêr, dhèdhèt erawati.

Putri ingkang kêkalih lêstantun kagarwa Radèn Pandhu, sarêng jumênêng nata kajunjung dados pramèswari, sami sêtya tuhu ing kakung. Sang Dèwi Kunthi apêputra tiga: Arya Puntadewa, Arya Sena saha Arya Prêmadi. Dene Dèwi Madrim apêputra kakung kêmbar: Arya Nangkula saha Arya Sadewa. Botên lami Sri Maharaja Pandhu Dewanata kasêndhal mayang ing dewa, murut dhatêng kasidan jati, Dèwi Madrim ambelani ingkang raka obong. Praja Ngastina kapasrahakên dhatêng Arya Dhêstharata, jêjuluk Prabu Dhêstharata.

Kados punapa kemawon rêkaosing panggalihipun Sang Dèwi Kunthi, saèstu tanpa pêpindhan, jêr katilar ingkang raka ingkang sangêt dipun trêsnani, kecalan nagari, kathik kapêksa anggulawênthah putra gangsal ingkang taksih alit-alit. Bawanipun putri utawi dhasar santosa ing budi, kawontênan ingkang kasandhang punika sadaya namung kaanggêp cobining sarira, atas karsaning dewa ingkang linangkung, mila katampi kalihan sabaring galih.

Badhe kasambêtan

Nyi Darma Prawira.

--- 171 ---

Pawiyatan Rêtna Murti (Kartini Sêkul) Rêmbang Umur: 20 taun.

Wulan kapêngkêr kula sagah ngaturi panjurung pèngêtan: 20 taunipun adêging pawiyatan Kartini wontên ing udyananing Kajawèn ngriki, awit saking punika namung badhe kula pêndhêt ingkang sakintên prêlu kemawon.

Yèn ngèngêti kawontênan 20 taun ingkang kapêngkêr, bôngsa kula wanita ing sapunika inggih nama sampun majêng, tandhanipun sampun kathah para priyantun wanita mudha ingkang sami ngasta pakaryan ing kantor-kantor, guru, prudpro lan sapanunggilanipun.

[Grafik]

Murid-murid sami nênggani barang-barang ing pêkên malêm.

Ing ngajêng wontênipun pawiyatan wanita Jawi punika yèn botên kalèntu wiwitanipun ing kitha Rêmbang, inggih punika saking ada-adanipun ingkang minulya suwargi Radèn Ajêng Kartini, (ingkang garwa suwargi Kangjêng Bupati ing Rêmbang) inggih punika ingkang rama Kangjêng Bupati Rêmbang sapunika.

Mila inggih botên anggumunakên yèn ta kawontênaning sadaya pirantos lan wucalanipun nalika samantên sarwa prasaja, sarêng ingkang gumantos ngasta pusaraning praja kangjêng bupati sapunika, pawiyatan tilaranipun suwargi ingkang ibu wau lajêng kagalih saèstu kadospundi murih sagêdipun majêng katingal wohipun, sagêd sajajar kalihan pawiyatan gupêrmèn, ngantos sarira dalêm piyambak botên wêgah ngêdalakên waragad ingkang botên sakêdhik, kados ta: Damêl griya pawiyatan ingkang wêwangunanipun sarwa pèni miturut gagrag enggal saking banon ngantos 6 kamar, jrambahipun tègêl, sadaya pirantosing pamulangan sarwa mêpêki, lan saking karsa dalêm ing ngriku lajêng dipun dêgakên pakêmpalan: Kartini Pêrènêging inggih punika ing tanggal 12 September 1917, widada ngantos dumugi ing dintên punika. Sarêng gupêrmèn anguningani kawontênaning pawiyatan wau katingal sae lan majêng saèstu, lajêng kaparingan subsidhi sabên taunipun lêstantun dumugi sapunika, dados adêgipun sampun 20 taun dumugi titining wulan punika, widada botên kirang satunggal punapa.

Ing ngajêng adêging pawiyatan Kartini ing Rêmbang wau, mênggah ancasipun prêlu kangge para lare èstri lan para kênya putraning priyantun, murih sagêda mangrêtos sastra sawatawis, wondene ingkang kangge baku inggih punika kasusilan, lan wajibing wanita, kados ta: olah-olah, nyongkèt, nyulam, nyablun, lan sapanunggilanipun, nanging kawusananipun pinanggih malèsèd saking pangintên, jalaran pawiyatan wau sabên taun indhaking murid saya kathah, ingkang anjalari kêpêksa [kê...]

--- [172] ---

[...pêksa] wulanganing pawiyatan kainggahakên (kainggilakên) katata kadosdene pawiyatan gupêrmèn, kanthi wulangan tigang basa, Jawi, Mlayu lan Walandi, makatên ugi sadaya pamong siswanipun inggih nama sampun nêtêpi tatanan, (atêgês botên nguciwani). Tôndha yêktinipun, dene para murid ingkang sampun tamat pasinaonipun saking pamulangan wau sagêd anglajêngakên pasinaonipun malih, kados ta: dhatêng Huishoudschool Ngayogya Sêmarang, dhatêng C.B.Z. sêkolah prudpro lan sapanunggilanipun.

Ing sarèhning pawiyatan wau nama sampun ngambah adiwasa, mila nalika nyarêngi kalêrês dhawah: 20 taunipun, saking ada-adaning bêstir Kartini Pêrènêging kawontênakên pèngêtan kanthi agêng-agêngan, inggih punika kawontênakên pêkên malêm laminipun 15 dalu, wondene angsal-angsalaning bêbathèn rêsik dhatêng kas Kartini, lan dhatêng asib.

Badhe kasambêtan

Bok S.W. Supadma, Rêmbang.

Padhamara

Padhamara punika namaning jangan, pangolahipun makatên, duduh godhogan ulam lêmbu, sasampuning ulamipun dipun pêndhêti sadaya, lajêng angracika bumbu jangan bobor, sarêm, traos, brambang, bawang, kêncur, kacolok gêndhis Jawi sakêdhik, tumuntên kaulêg ingkang lêmbat. Salam, laos botên tumut kaulêg. Jangananipun ingkang kangge ampas, terong, kacang gleyor, lêmbayung kangkung, bayêm, sadaya wau kêdah milih ingkang ênèm. Dhêle wose, dhêle wau kêdah kagodhog piyambak rumiyin, supados lunturan cêmênging kêdhêle sagêda ical babarpisan, nuntên anyantênana klapa sapantêsipun, sasampunipun pangraciking bumbu-bumbu pêpak, duduh godhogan ulam wau kalatonana malih, yèn sampun umob, jangananipun kacêmplungna rumiyin, kaumobakên, lajêng bumbunipun saumoban malih, nuntên santênipun, kaangkaha ingkang kêpara cuwèr, namung klombyar-klombyar kemawon, têrus kakêbura kemawon saumobipun sampun ngantos gang. Godhogan ulam wau kaolaha kangge êmpal utawi punapa: abon, abul, sate madura ing sakaparêngipun. Jangan padhamara wau, bilih kagêm dhahar, kêdah mawi sambêl kêmiri kagorèng sangan. Raosipun jangan padhamara wau tumrap para raos Jawi asli: mêstani: sêgêr sumyah. Manawi cara para neneman sapunika, duduh ulam namung dipun kêla kados makatên punika mêsthi sami dipun gêgujêng: gene kok botên dipun sop. Nanging mugi kauningana, sop punika wragadipun kêdah kathah, kados ta: ampasipun: sayuran, ulam, lan kêdah mawi martega. Sop tanpa mrêtega punika: angur jangan loncom, balik kinêla padhamara, sapisan: irid, kaping kalih: babar, liripun, ulamipun kenging kagêm lawuhan dhahar ing wanci sontên, kaping tiga: kaol Jawi: migatosakên nêdha rêrambanan: punika sagêd murugakên bagas saras dhatêng badan.

Nyai Pranata

--- [1409] ---

Ôngka 89, Stu Kli, 3 Pasa Ehe 1868, 6 Nopèmbêr 1937, Taun XII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1393] ---

Ôngka 89, Stu Kli, 3 Pasa Ehe 1868, 6 Nopèmbêr 1937, Taun XII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining Kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Tèntunsêtèlêng ing Paris - Konggrès Java-Instituut ing Bali - Bab Siyam - Gêgayuhaning Ngaurip - Katrangan Sakêdhik, Katur Anggèr Petruk - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Pados Pamarêm

Tumraping manah, srêgipun angsal pakan ingkang yêktos, punika manawi marêm. Mila sintêna kemawon, limrahipun sami pados marêming manah.

Upamia tiyang kapengin sugih, marginipun botên sanès, kajawi tindak gêmi, ngindhak-indhakakên bandhanipun. Manawi nyata sampun pinanggih sugih, manahipun lajêng marêm.

Manawi anjôngka kapriyayèn, sarananipun kêdah wêkêl ing damêl, botên kenging tilar dhêdhasar pintêr. Kajênging dhêdhasar pintêr, kenging dipun grêba mangrêtos dhatêng wajib. Bab punika manawi sampun kalampahan sagêd dados priyantun, sampun araos marêm.

Yèn kapengin prawira, tumrapipun jaman sapunika, kêdah dhêdhasar kiyat badanipun, mangrêtos dhatêng ulah kridhaning dêdamêl, ulah tangan sapanunggilanipun. Ing mangke dhawahing kasêmbadan, nama tiyang linangkung, inggih adamêl marêm.

Marêming manah tigang prakawis wau, kenging kangge ancêr-ancêr tumrap kadumugèning sêdyanipun tiyang. Nanging manawi dipun manah, ingkang dipun wastani marêm wau, sajatosipun namung pangarêm-arêm, awit ingatasing kadumugèning sêdya ingkang kagambarakên punika, lôngka saupamia lajêng trimah kados makatên. Upami tiyang ingkang kapengin sugih wau manawi sampun sugih yêktos, inggih taksih kapengin saya sugih, minggah-minggah ngantos kapengin: ing sajagad sugih piyambak. Saupami kalampahana makatên yêktos, sajagat sugih piyambak, inggih taksih kapengin angèmpèri jagad, têgêsipun inggih mêksa dèrèng marêm. Makatên ugi tumrap pêpindhan sanèsipun, inggih sami kemawon.

Manawi ngèngêti kawontênan ingkang kados makatên punika, kados-kados katingal, bilih sajatosing pamarêm ingkang dipun kajêngakên tumraping batos, punika sanès marêm ingkang kados makatên, awit, miturut gotèkipun tiyang ahli marêm, punapa-punapa namung sarwa pinanggih marêm, sugih: marêm, mlarat: marêm, ngêleh: marêm, tuwuk, marêm cêkakipun namung marêm thok.

Pêpiridan kados makatên punika, mèmpêr manawi kenginga kangge ancêr-ancêr, kajêngipun, saupami tiyang ngakên marêm ing manah, punika langgêng punapa botên. Manawi luntur, têgêsipun ical marêmipun, inggih namung têtêp nama marêm-marêman kemawon. Prêlunipun lajêng sagêd kêraos, bilih marêm ingkang yêktos punika angèl, awit, marêmipun botên bêtah: marêm.

Cêkruktruna.

--- [1394] ---

Tèntunsêtèlêng ing Paris

Kados para maos botên kêkilapan dhatêng pawartos ing bab tèntusêtèlêng ing Paris, inggih punika ing tanah Prancis. Papaning tèntunsêtèlêng wau manggên wontên têlêngipun kitha Paris.

Mênggah tèntunsêtèlêng wau botên namung maligi kado sacara limrah, ingkang kajêngipun ngatingalakên kamajênganing yêyasan sapanunggilanipun tumrap Prancis piyambak, nyatanipun ugi gêgayutan kalihan nagari-nagari sanès. Dene ingkang dipun pitongtonakên wau, amujudakên cara-caranipun tiyang tumandang ing damêl babagan yêyasan tumrap satunggal-satunggalipun nagari ingkang ngêdali wontên ing papan ngriku.

Tèntunsêtèlêng sadonya ing Paris punika botên namung sae tuwin èdi kemawon, tumrap pigunanipun ugi agêng sangêt, awit ing ngriku ngatingalakên kagunan ing satunggal-satunggalipun nagari. Bab makatên punika tamtu andadosakên jalaraning kamajêngan tuwin anjêmbarakên pasrawungan among dagang tuwin sanès-sanèsipun.

[Grafik]

Gambar ing nginggil: griya yasan nagari Irak.

Ing ngandhapipun: griya yasan nagari Jêrman.

Ngandhap sisih têngên: griya yasan nagari Portêgal, manggèn wontên sapinggiring lèpèn Seine.

--- 1395 ---

Konggrès Java-Instituut ing Bali

Sambêtipun Kajawèn nomêr 88.

Tumrap golongan ingkang wajib, ingkang mêdhar sabda ingkang rumiyin piyambak tuwan residhèn ing Bali tuwin Lombok, minôngka wêwakil dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana. Sasampunipun punika lajêng dipun sambêt wêdhar sabdanipun Bandara Kangjêng Pangeran Arya Mr. Jayakusuma, ing basa Jawi, tuwin Bandara Kangjêng Pangeran Arya Suryadiningrat, ing basa Malayu. Wosipun sami mahyakakên suka bagya saking sampeyan dalêm ingkang minulya saha ingkang wicaksana ing Surakarta, tuwin saking sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta. Kajawi punika ugi tampi telêgram saking sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan.

[Iklan]

Ing ngriku parêpatan lajêng mèngêti tilar donyanipun Tuwan van Dapperen, ingkang sawêg sawatawis dintên, kala sugêngipun tuwan punika dados warga Java-Instituut ingkang sêtya tuwin wêkêl. Ing kalawarti Jawa kêrêp ngêwrat karanganipun suwargi tuwan wau ing bab kabudayan Jawi tuwin sanès-sanèsipun.

Rancanganing lampah kala punika ewah sawatawis, amargi sampun siyang, mila sadèrèngipun dhahar siyang dipun wontênakên sêsorah ingkang dipun wêdharakên dening pangagêng nagari Karangasêm, Anak Agung-AgungAgung. I Gusti Bagus Jêlantik, ing bab cara gêsangipun kabangsan Bali, tuwin sêsorahipun pangagêng nagari ing Gianyar, Anak Agung Ngurah Agung, ing bab tataning gêsangipun kulawarga Bali.

Sabibaring dhahar, Dr. Stutterheim mêdhar sabda ing bab kawontênan ing Bali kala jaman kina, inggih punika ing bab sajarah Bali tuwin barang-barangipun kina. Sêsorah ing dintên wau ingkang mungkasi Dr. Goris ing bab pura-pura ing Bali.

Ing salêbetipun konggrès punika, tumraping para tamu wontên ingkang nyare ing hotèl, tuwin wontên ingkang wangsul dhatêng kapal. Dados ing kala punika, kapal Op ten Noort kenging dipun wastani kados hotèl angambang.

Dalunipun, tumrap tamu ingkang nyare wontên Dhènpasar sami rawuh mriksani ringgit tiyang paring dalêm sumbangan saking sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta, manggèn wontên ing pandhapi konggrès, lampahanipun Pêjahipun Su- [Dilanjutkan pada hal. 1397]

--- [1396] ---

Gambar ing konggrès

[Grafik]

Gambar ing nginggil piyambak: para tamu ingkang rawuh ing Dhènpasar. Ing kala punika untaping para tamu ing Dhènpasar, lajêng andadosakên ramening kitha, tumpakan oto pating sliri. Ing ngriku katingal kawigatosaning para tamu dhatêng wontênipun kabudayan ing Bali. Tumraping para ingkang nêmbe sumêrêp, tamtu eram dhatêng yêyasan ing tanah Bali, wêwangunaning griya botêb tilar rarasan kina, singêring yêyasan taksih katingal, saya tumraping ukir-ukiran, ing ngriku ngatingalakên kaluhuraning kagunan Bali, mila botên anèh bilih yêyasan ing ngriku punika sami dipun wigatosakên, dening wujudipun sarwa damêl gawok.

Gambar ing têngah: Kangjeng Gusti Pangeran Arya Prabu Suryadilaga mundhut barang-barang wêdalan Bali. Barang-barang wêdalan Bali punika saya dangu saya sumêbar, saya tumraping barang tênunan, punika saya dangu saya pinanggih misuwuripun, awit barang tênunan wêdalan Bali punika kajawi sae badhenipun, coraking gêgambaran ugi langkung sae, mandhês, tuwin ambêkta gagrag piyambak, ngatingalakên aslinipun. Kados ta bangsaning slendhang, plangi tuwin sanès-sanèsipun ingkang bangsanipun sutra, wujudipun botên nguciwani, malah sapunika tumraping slendhang sampun umum sumêbar wontên ing tanah Jawi, tiyang amastani slendhang Bali, salajêngipun dados padagangan. Miturut cariyosipun tiyang Bali ingkang dagang barang-barang wau, tumrap tiyang ingkang dagang ing Bali, punika wontênanipun ing Bali kemawon sampun botên kêkirangan ingkang mundhut, inggih punika para andon lêlana saking tanah monca. Ing salajêngipun barang-barang ingkang dipun tumbas wau lajêng dados tôndha pangèngêt-èngêt, saha ngatingalakên kaluhuraning kagunan Bali.

Gambar ngandhap piyambak: ing margi, untaping tiyang katingal pating sliri, kathah tiyang ingkang sami andhasarakên padaganganipun. Ingkang wontên têngah, Tuwan S. Koperberg ingkang dados cucuking lampah konggrès punika.

--- 1397 ---

[Lanjutan dari hal. 1395: Konggrès Java-Instituut ing Bali]

Bali. Ing kala punika tumraping golongan Bali, kathah sangêt ingkang ningali.

[Iklan]

Ing bab sêsorahipun Anak Agung I Gusti Bagus Jêlantik, punika têrangipun cêkakan makatên:

Bôngsa Bali punika kaperang dados kalih golongan:

Na. têtiyang ingkang asli utawi Bali Aga.

Na. têtiyang ingkang agami Hindhu.

Bedanipun golongan kalih wau, kêtitikipun cêtha, tumrap golongan Ha, punika botên anggadhahi cara pahargyan ambêsmi mayit, tumindakipun, mayit namung kakubur. Kajawi punika botên mawi tatanan undha-usuking kadrajatan. Dados ingkang langkung kathah cêcariyosanipun, punika tumrap golongan agami Hindhu.

Tumrap gêsanging bôngsa Bali golongan ingkang agami Hindhu, punika tumindakipun kêncêng ing bab agami tuwin tata caranipun, ingkang sadaya kenging dipun wastani sarwa trêtib tuwin mantêp dhatêng agaminipun. Tindak-tindak ingkang gêgayutan kalihan agami, kathah ingkang mawa beya. Salajêngipun juru sabda mratelakakên ing bab uba rampening pahargyan ingkang gêgayutan kalihan agami.

Juru sabda lajêng ngandharakên ing bab cara-caraning pangupakaraning mayit, ngêdusi dumugining dipun bêsmi, tuwin ngandharakên ing bab kajêng-kajêngipun.

Ing bab sarana murih wilujênging têtiyang tuwin rajakaya, punapadene samukawis ingkang gêgayutan kalihan panggêsanganipun bôngsa Bali, ing ngriku dipun wontênakên pura-pura tuwin candhi-candhi minôngka papan pamujan. Kados ta pura ing Pasèh, Bale Agung tuwin pura dalêm, ingkang dipun rimat dening para punggawa dhusun. Kajawi punika tumrapipun pirantos-pirantos tuwin kabêtahan ingkang kangge prêluning pahargyan, punika dipun sadhiyani siti, ingkang pamêdalipun namung maligi kangge nyêkapakên kabêtahan wau.

Ing sabên dhusun wontên paguyuban ingkang dhêdhasar raos sasami, ingkang kenging malêbêt dados warga ngêmungakên tiyang jalêr ingkang sampun gadhah bojo tuwin tunggil dhusun. Samôngsa wontên warga badhe ambêsmi mayit, warga sanès-sanèsipun sami urun, awarni arta utawi wulu pamêdal, cêkakipun warnia punapa kemawon dipun sukakakên, kajawi punika ugi dana bau. Dados kajêngipun ing ngriki, sanadyan tiyang mlarat, sagêd angêmori damêl ingatasing agami.

--- 1398 ---

Kawruh Sawatawis

Bab Siyam.

Ing sarèhning wêdaling Kajawèn ing dintên punika winêngku ing wulan Siyam, kados prêlu ngêwrat ing bab siyam.

Tumrap para têtiyang Islam, nglampahi siyam ing salêbêting wulan Ramêlan punika, kalêbêt rukun (pikêkahing) Islam ingkang kaping 4. Mênggah uruting pangetang: 1. sahadad, 2. sêmbahyang gangsal wêkdal, 3. jakat lan pitrah, 4. siyam ing wulan Ramêlan, tuwin 5. minggah kaji ing Baetullah (nagari Mêkah). Nanging katingalipun ingkang sampun gumêlar ing umuming bôngsa kula Jawi ingkang taksih sami ngakên ngangge agami Islam, prêsenanipun kaot kathah sangêt ingkang purun anglampahi siyam, tinimbang ingkang nglampahi sêmbahyang tuwin jakat. Pintên-pintên umat Islam purun nindakakên siyam, nanging taksih awrat nindakakên sêmbahyang 5 wêkdal. Malah botên ngêmungakên siyam wulan Ramêlan kemawon, ingkang dipun êmên-emenakên, cacak siyam ingkang namung sunat kemawon, kados ta: siyam Sênèn Kêmis, siyam ing wulan Rêjêb, tuwin sanès-sanèsipun, ugi kathah ingkang nglampahi. Lah mênggah sababipun punapa, tur manawi katandhing makatên, langkung awrat nindakakên siyam, tinimbang sêmbahyang gangsal wêkdal.

Sarêng kula manah-manah panjang, tumrap bôngsa kula Jawi, pancèn makatên wau ingkang mencok kalihan nalaripun. Jalaran wiwit kina-makina, sadèrènging Islam muncul ing tanah Jawi, bôngsa kula Jawi punika sampun katancêpan raos rêmên tapabrata, utawi sêsirih, kados ta: ngêngirangi nêdha, tilêm, mêthak, ngrowot, ngêblêng, tapa ngidang, tapa ngalong, kungkum sadalu muput, tuwin sapanunggilanipun. Mila sarêng santun ngrasuk agami Islam, ingkang dipun rêmêni inggih lampah ingkang ragi ngèmpêri pakarêmanipun rikala ing jaman sadèrènging agami Islam tumuwuh, inggih punika nglampahi siyam, ingkang saèmpêr tapabrata, utawi sêsirih. Beda kalihan rukuning Islam ingkang sanès siyam, kenging kula wastani kadosdene barang tuwuh enggal, dados rumasukipun ing raos Jawi, dèrèng sagêd tandhês ing balung sungsum kadosdene siyam.

Wiwit ing jaman kula taksih lare (50 taunan) ngantos sapriki, sabên badhe tapaking wulan Siyam, mèh kenging pinasthèkakên para têtiyang Islam sami pasulayan anggèning miwiti siyam, punapadene dintên riyadinipun, lah punika sabab dening punapa. Bab ingkang makatên wau tumrap têtiyang sajawining rangkah, mêsthi inggih mastani anèh. Nanging tumrap ingkang sami ngalami piyambak, sami mastani barang limrah kemawon. Mênggah nalaripun makatên: mirid wèting agami Islam, wajibing nglampahi siyam punika, botên tigang dasa dintên, nanging salêbêting wulan Ramêlan, inggih punika wiwit ningali palêthèking tanggal sapisan ing wulan Siyam, ngantos palêthèking tanggal ing wulan Sawal. Ungêling anggêr-anggêring siyam makatên: sira padha pasaa marga ningali tanggaling sasi Ramêlan, lan ambruwah [ambru...]

--- 1399 ---

[...wah] (riyaya)a, marga ningali ing tanggal sapisaning sasi Sawal. Dene yèn tanggaling sasi Ramêlan iku ora katon marga ana sabab, iku banjur angganêpna sasi Sakban (Ruwah) umur 30 dina.

Nyumêrêpi ing tanggal sapisan punika, tumrap ing nagari Ngarab (Mêkah) ngrika langkung gampil sangêt, jêr prasasat botên nate wontên mêndhung, tur kathah pasitènipun ingkang bawera. Wangsul ing tanah ngriki, rêkaos sangêt. Mila para Ngulami lajêng rekadaya sarana nindakakên ing kawruh hisab (pasaniyah) ing bab ijtimangunnurèn (kêmpaling surya lan rêmbulan), dipun wiwiti saking tanggal sapisaning wulan Sakban (Ruwah).

Kawuningana, madosi dhumawahing tanggal sapisan sarana nindakakên makatên wau, sanès prakawis ingkang gampil, mila sampun layak kemawon, juru pangetang satunggal, lan sanèsipun punika, saged pasulayan ing pamanggih. Malah sanajan pangetangipun wau sagêd cocog, trêkadhang panimbangipun, mêksa taksih sagêd pasulayan. Mênggah tôndha yêktinipun kados badhe tapaking siyam punika, sarapara. ngulama ahli ngilmu kisab sampun sami muphakat, bilih kêmpaling surya lan rêmbulan, ing pungkasaning wulan Ruwah, dhawah dintên Rêbo kaping 3 Nopèmbêr, wanci jam 11 siyang, langkung 26 mênut, 30 sêkon. Lan ing wanci sêraping surya (malêm dintên Kêmisipun) inggiling tanggal saking tancêping langit = 2 grat, langkung sakêdhik. Hla tanggal ingkang samantên inggilipun punika, sampun kenging katêtêpakên katingal punapa dèrèng, ing ngriki lajêng nuwuhakên pasulayaning pamanggih. Wontên ingkang nganggêp sampun katingal, lan wontên ingkang nganggêp dèrèng, têmahanipun lajêng anggêga pamanggihipun piyambak-piyambak, wontên ingkang wiwit siyam ing dintên Kêmis ping 4 Nopèmbêr, lan wontên ingkang siyam ing dintên Jumuwahipun ping 5 Nopèmbêr.

[Iklan]

Kêmpaling surya lan rêmbulan ing pungkasaning siyam ugi cocog, inggih punika dhawah ing dintên Jumuwah ping 3 Dhesèmber, wanci jam 6 enjing. Sarta ing wanci sêraping surya, inggil tanggal ing wulan Sawal = 5 grat. Tanggal ingkang samantên inggilipun saking tancêping langit punika, katingal punapa dèrèng. Lah punika ugi pasulayan pamanggih malih. Malah pasulayanipun wau cawang 3.

Ha. Wiwit siyam ing dintên Jumuwah ping 5 Nopèmbêr, riyadinipun ing dintên Akat ping 5 Dhesèmbêr. Badhe kasambêtan.

Ikhsannuddin. Pacitan.

--- 1400 ---

Raos Jawi

Gêgayuhaning Ngaurip.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 88.

[Kinanthi]

pra prajurit sukèng kalbu / lamun unggul ing ngajurit / wong madati suka ing tyas / yèn candune wis cumawis / luwih bungah yèn wis mapan / nyêrot kukus jêblas-jêblis //

botoh main nguthut kêrtu / nèng kalangan sukèng ati / lamun cocog panguthutya / ulat bingar kaduk manis / tan karasa arip sayah / kêndhih dening sukèng ati //

wong kang thukmis andêdulu / wanodya nom rada klimis / gya anjawat tinimbangan / wis tartamtu sukèng ati / wong mêmaling yêkti bungah / lamun antuk dènnya maling //

anadene para bakul / yèn kapayon sukèng ati / saya manèh kêlarisan / marga bakal sugih picis / kusir andhong mêsthi bungah / yèn andhonge tansah isi //

kang nunggangi munggah mudhun / dadi iya sugih dhuwit / tukang kayu mêsthi bungah / lamun ana kang mènèhi / pagaweyan antuk opah / iya iku wujud dhuwit //

bèi dhoktêr sukèng kalbu / ingaturan ngusadani / janma kêna ing lêlara / awit mêsthi antuk picis / sukur bage glis waluya / saya suka kang panggalih //

jêr aliya antuk butuh / asmane misuwur bêcik / para ahli pangadilaspangadilan. '/ suka lamun dèn aturi / angêmbani pasulayan / jêr tartamtu antuk melik //

yèn tinêmu kêrêp unggul / mênang dènnya angêmbani / wis tartamtu kajuwara / dadya akèh kang ngaturi / angêmbani prakaranya / saya suka kang panggalih //

para buruh angkat junjung / rêkasane angluwihi / ewadene katon bungah / marga bakal antuk dhuwit / wong anjala mêsthi bungah / yèn tandange bisa kasil //

bocah angon angêngidung / malah ana kang nyênggaki / kawistara padha bungah / jêr kêbone padha aring / wong nênonton padha bungah / lamun cocog lan pamikir //

ana bungah marga ngluyur / kaloyongan sabên bêngi / jaga cakruk ura-ura / sêsêndhonan mracihnani / bungah marga tômpa opah / mung sakêthip ing sawêngi //

ana bungah krungu manuk / kang manggung ing ngingor tritis / karo ana ing gantangan / ana bungah marga uning / sadulure lawas prapta / ana bungah ambêbêdhil //

ana bungah marga krungu / sêtrik orkes lan mênyanyi / sawênèhe ngrasa bungah / krungu gêndhing gambirsawit / pangêliking waranggana / suwarane mikat ati //

ana janma bungah krungu / suwarane trêbang muni / kêncringan kang jinogedan / ana bungah marga bangkit / angêlangi salulupan / aneng têpi jalanidhi //

wong bal-balan sukèng kalbu / lamun bale bangkit manjing / sumêbut ing madyèng ngêpal / saya bungah dèn suraki / kêploke marambah-rambah / lir ambantu sukèng ati //

wong kang ambêg kumalungkung / ngêndelake sugih singgih / bungah lamun ana janma / kang wêdi lan angajèni / mêndhak-mêndhak lamun pêrak / sukur bungah dèn dhodhoki // Badhe kasambêtan.

Ki Darmaprawira.

--- [1401] ---

[Iklan]

--- 1402 ---

Katêrangan Sakêdhik, Katur Anggèr Petruk, ing Kalawarti Kajawèn

Nuwun, anggèr, kula tansah maos kalawarti Kajawèn, ingkang isi sêratanipun anggèr, bab pahargyan ing Kêbumèn. Dumugi nomêr 87 punika, kula rumaos wajib lajêng kêdah ngaturi katêrangan sakêdhik, ing pangangkah sagêda ngicalakên pangunêg-unêging panggalih, tumrap anggèr Petruk, utawi sanèsipun malih, bokbilih taksih wontên ingkang kagungan raos-rumaos kados anggèr.

Nuwun, kados anggèr Petruk ugi botên badhe kêkilapan malih, bilih kawontênan ing donya punika botên wontên ingkang tanpa cacad. Lan malih sagêd ugi anggèr sampun nate maos buku pamulangan, karangan swargi Tuwan K.F. Winter, bab juru giling lan kuldine. Suraosing dongèng punika, manawi kula botên kêlintu, botên wontên tiyang ingkang sagêd anglêgani manahing tiyang kathah ingkang mawarni-warni karsanipun.

Nuwun, pahargyan ing Kabupatèn Kêbumèn, nalika miwaha dhauping putra kakung ing tanggal 19 Oktobêr 1937. Awit saking kêparênging karsa dalêm, gusti kangjêng bupati sarimbit, kula Sastradarmaja, ingkang andikakakên mranata, lan anjagi, murih sadaya karsa dalêm wau sagêda kalampah kanthi sabèrès-bèrèsipun. Gandhèng kalihan bab wau, dados sampun saadil-adilipun, bilih sadaya cacad ing salêbêting pahargyan wau, kêdah kula ingkang nampi paukumanipun (panacad, pangunêg-unêg, panggrundêl enz.) saking para tamu sintên kemawon, ingkang rumaos kacuwan nalika nglênggahi pahargyan punika, kula tampi kanthi eklasing manah suci, jêr kula punika namung kula kemawon, tiyang limrah tur kalêbêt kina, ingkang ngrêtosipun dhatêng sawatawis sêsêrêpan, mligi saking jare, nêningali lan sawatawis ngalami, dados botên pikantuk wulangan sêpesial. Mila sarana sêratan punika, kula Sastradarmaja, ingkang kala samantên, tinanggênah ing damêl, dhatêng sadaya kemawon ingkang rumaos kacuwan panggalihipun, langkung-langkung dhatêng anggèr Petruk ingkang karana Allah karsa anglairakên saraosing panggalih, kula nyuwun gênging pangaksama. Kagaliha atur kula ing nginggil, lan suraosing dongèng: juru giling lan kuldine. Awit kula punika, inggih namung kula, tiyang limrah, sanès bangsaning ingkang sagêd nyumêrêp karsa lan krêntêging panggalihipun sanès.

Nuwun, murih anggèr Petruk utawi bokmanawi wontên malih sanèsipun ingkang ugi kagungan raos kados anggèr Petruk, kula manah prêlu ngaturi katrangan sakêdhik, bab rêsèpsi, nanging punika namung saking pamirêng lan sawatawis saking pangalaman kula. Salajêngipun bab watêk: kumlandi-landi ingkang kapangandikakakên dening anggèr Petruk.

[Iklan]

Ha: 1. Bab pahargyan ing Kêbumèn, sakêparêngipun ingkang maham, kapaham cara Walandi kenging, cara Jawi ugi kenging. Ingkang baku dados kêparênging [kêparêng...]

--- 1403 ---

[...ing] karsa dalêm ingkang kagungan kajat, kaangkah para ingkang sami karsa anjênêngi pahargyan wau, sagêda prèi, saprèi-prèinipun, ingkang wêkasanipun sagêda mahanani dhatêng suka rênaning panggalihipun para ingkang rawuh, jêr botên kajigung ing pranatan ingkang ngêngèl-êngèli ingatasing bôngsa kula Jawi ingkang taksih sami ngagêm adatipun lami.§ Punika pancèn yêktos, salaminipun kula dèrèng nate mêningi pahargyan ing kabupatèn ingkang prèinipun kados pahargyan ing Kabupatèn Kêbumèn, amila mênggahing kangjêng bupati piyambak tansah kula luhurakên.

[Iklan]

2. Bab lampahing pasugatan, anggèr Petruk piyambak sampun angakêni, bilih wontên lan lumadosipun pasugatan tansah lumintu (ngêndikanipun anggèr: sadhela-sadhela sugatane mubêng nganti pirang-pirang rambahan), ing ngriki têtela, bilih pasugatan botên kirang. Dene anggèr piyambak ngantos kapintên, malah têmtunipun wontên malih ingkang ugi kapintên, punika kula piyambak ngrumaosi lêpat sabab kirang titi paniti kula. Saya ingkang kapintên kok anggèr Petruk, nalôngsa kula saya sangêt, awit kajawi anggèr karaya-raya saking Bêtawi sowan ing Kêbumèn, punika wêwah-wêwah ingkang dados kêpala plados punika, kula. Nanging kadospundi malih, jêr barang sampun kêlajêng, kangge pèngêt benjing malih. Sawangsulipun murih sagêda mêwahi sêsêrêpanipun para ingkang dèrèng sumêrêp. Miturut pangalaman, wontên ing resèpsi (kula sampun kaping-kaping andhèrèk resèpsi ing kabupatèn pundi-pundi, karesidhenan sawatawis. Malah sampun nate sêpisan ngadhêp, resèpsi Kangjêng Tuwan Bêsar G.G. ing taun 1933, wontên ing dalêm karesidhenan Magêlang. Wontên ing resèpsi wau lampahing pasugatan, inggih namung kaidêrakên dening palados, para tamu lajêng sami mundhuti piyambak-piyambak, ingkang dèrèng inggih

--- 1404 ---

botên mawi èwêd-pakèwêd, mundhut punapa ingkang wontên lan kakarsakakên. Gandhèng kalihan ingkang kula alami makatên wau, mila plados tansah mubêng ambêkta pasugatan, supados para ingkang dèrèng, sagêda nimbali lan mundhut. Namung eman dene para ingkang sami rawuh wau dèrèng sadaya ngrêtos dhatêng cara ingkang sampun kêlampah ing salêbêting resèpsi-resèpsi ingkang kula nate andhèrèk. Mila kula inggih lajêng pitados sangêt bilih tamu ingkang makatên wau, tur lajêng dipun èmbèl-èmbèli lingsêman, kalampah kalirên saèstu. Mêmêlas, ewadene saking pangatos-atos kula kala samantên, gandhèng kalihan uyêl-uyêlanipun para tamu, sarana pitulungipun para tamu ugi, kula tindakakên tundhan sistim, lan taksih kula wêwahi malih atur: nuwun, ingkang dèrèng kaladosan punapa-punapa, mugi kaparêng mundhut (kajêng kula nimbali plados) jêr plados-plados sadaya mawi têtêngêr cêtha.

Na: Bab palados putri,§ Kula botên mastani para plados putri wau makatên sadaya, amung satunggal ingkang lêlados wontên ing panggenan kula. Punapa kula kêdah nyogêmol asmanipun putri wau. Kados botên prêlu. ingkang kapangandikakakên dening anggèr Pêtruk: mlandani, punika kula ngaturi katêrangan sakêdhik, anggènipun migunakakên têmbung lan tatakrama Walandi punika, kintên kula, tangèh manawi saking niyat, kumlandi-landi, sanajan ta, para putri plados wau sadaya sami pikantuk piwulang Walandi. Nanging upami wontên ingkang mastani: bokmanawi dhatêng tatakrama Jawi wontên kithalipun, tumrap sabagian, plados putri wau, kula botên wani dhebat, dados sagêd ugi pandakwa wau lêrês, inggih punika tumrap para plados ingkang saking sajawining dalêm, awit kula sumêrêp bilih wontên ingkang nêmbe kemawon mêdal saking pamulangan (intêrnat) mila wêkdal kangge nyinau tatakrama Jawi wau, sanajan sampun dados gadhahanipun, nanging gandhèng kalihan jamanipun, taksih kathah kêkiranganipun. Mila kintên kula lajêng migunakakên mawi tatakrama Wêlandi, ing pangintên dhawah sêkeca, awit upami wontêna klintunipun sawatawis, botên nyolok mripat sangêt-sangêt. Tinimbang lare Jawi, dipun wastani ora wêruh Jawane, raosipun langkung anggarês tinimbang manawi namung kataman ing têmbung: cah Jawa we nganggo cara Lônda barang. Lêrês lêpating gagapan kula, kula sumanggakakên anggèr Petruk.

Katêrangan punika kula punggêl sêmantên rumiyin, kasambêt bilih wontên prêlunipun.§ Sampun, sampun, samantên kemawon, kados-kados sampun sah. Petruk.

Kêbumèn, 1 Nophèmbêr 1937.

Ingkang paman, Sastradarmaja.

--- 1405 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Nirom tampi pangalêmbana. Nirom ingriki mêntas tampi telegram saking nagari Walandi, suraosipun ngalêmbana anggènipun Nirom nggiyarakên suwara ing sadonya, tumrapipun ing Eropa pinanggih botên nguciwani.

Nitipriksa siti ing papan pamboyongan. Residhèn ing Palembang, Ir. O.R. Maier, Ir. L. van Geuns tuwin sanès-sanèsipun, mêntas papriksa dhatêng pasitèn paboyongan ing Lubuk Linggau ingkang dèrèng dipun bikak. Papriksan wau tumindak ngantos pintên-pintên dintên, dene pikantukipun, pasitèn ingriku punika botên nguciwani kangge papan paboyongan.

Sudan pènsiun kasuwak. Ing bab rêmbag nyuda pènsiun sampun rampung. Miturut wratoswartos. wiwit benjing tanggal 1 Januari 1938, sudan pènsiun 17% punika badhe kasuwak. Wontênipun makatên, amargi pinanggihipun arta praja ing gêdhong arta nagari saya sae.

Congres Parindra badhe wontên ing Bandung. Mirid rêmbag ing parêpatan, congres Parindra ingkang kaping kalih badhe wontên ing Bandung dhawah wulan December taun 1938, tanggalipun dèrèng katêtêpakên.

Pindhahan doktêr. M. Sampurno, Gouvernements Ind. Arts ing C.B.Z. Surabaya, kapindhah dhatêng Sêmarang, kabantokakên dhatêng Regentschap.

Pandamêlipun gêdhong karesidhenan ing Purwokêrto. Miturut wartos, rantaman tuwin gambar-gambaring calon gêdhong karesidhenan ing Purwokêrto sampun dipun sayogyani dening Departement van Verkeer en Waterstaat. Ing salajêngipun badhe kawontênakên lelangan tumrap ingkang badhe anggarap. Miturut rancangan, griya wau badhe awaragad f 35.000.- Kalêbêt ing rantaman taun 1937.

Sêrat kabar Jêpan. Ingajêng wontên wartos bilih badhe wontên ariwarti Jêpan ingkang badhe dipun wêdalakên ing Bêtawi. Pawartos punika botên nyata. Ugi wontên, nanging kalawarti mawi basa Walandi, Malayu tuwin Inggris. Kalawarti wau namung kasêbar lêlahanan, namanipun Tohindo-Nippo-Sha.

Sarêm brikèt enggal. Pakaryan sarêm damêl malih sarêm brikèt ingkang rêgi 2 sèn. Sarêm punika kapetang saprapatipun sarêm ingkang agêng. Dados ing sapunika wontên sarêm ingkang rêgi 1/2 sèn, 1 sèn tuwin 2 sèn, kajawi ingkang sampun kasade lami, nama sampun umum. Wontênipun sarêm ingkang rêgi 2 sèn punika kangge anjagi sampun ngantos wontên tiyang kablithuk anggèning tumbas sarêm, ingkang pikantukipun botên cocog kalihan timbanganipun.

Tosan bantalan kapasangakên wontên sanginggilipun ril. Satunggaling dintên sêpur ingkang lumampah wontên antawising Rengas Bandung kalihan Lêmah abang S.S. W/L mèh kasangsaran, jalaran ing satêngah-têngahing ril dipun pasangi tosan bantalan. Rahayu ing kala punika masinis ingkang nglampahakên sumêrêp barang wau, sêpur lajêng dipun êndhêgakên, saha lajêng nyingkirakên barang ingkang dipun pasangakên wau. Wilujêng botên kirang satunggal punapa.

Pawartos saking Ijkwezen. Miturut wartos saking Ijkwezen, sawarnining takêran, bandhul timbangan, pirantos ngukur tuwin nimbang ing laladan timbangan (ijkgebied), kasèp-kasèpipun ing tanggal 30 November kêdah ngangge cap ingkang ciri g.

Pamulangan luhur pêngadilan. Lulus candidaatsexamen perangan kapisan, nonah Tjoep Kadjat tuwin tuwan-tuwan Abd. Maarif, Jaga Bukit tuwin R. Sri Tunjung Pamêkas. Lulus candidaatsexamen perangan kalih, tuwan Tjong Ing Liem. Lulus doctoraalexamen kapisan, tuwan-tuwan G. Wrêksoatmojo, Green, R. Sugiarto tuwin Zairin Zain.

[Grafik]

Kapal pulisi Bantam. Kados ingkang sampun kawartosakên Kajawèn kapêngkêr, dintên Kêmis kêpêngkêr ing Tanjungpriuk kawontênakên cobèn-cobèn nglampahakên kapal pulisi nama Bantam. Inginggil punika ngêwrat gambaripun kapal wau.

Volkstelling ing taun 1940. Dr. Mansvelt pangagênging centraal kantoor Statistiek mêntas rêmbagan kalihan directeur Economische Zaken ing bab Volkstelling. Sagêd ugi pangetanging cacah jiwa badhe katindakakên wontên ing taun 1940. Ing salajêngipun badhe ngawontênakên rêmbag ingkang gêgayutan ing bab babagan punika.

Mas ing Bantên. Ing lèpèn Boyah, Bantên, katingal kathah tiyang ingkang sami ngêdêgakên kabudidayan alit pados mas. Pundi ingkang gadhah padikan siti lajêng magêri, amargi manawi botên dipun pagêri, kathah tiyang ingkang lajêng ngambah ing pasitèn ngriku sakajêng-kajêngipun kemawon. Mirit kawontênan punika, ing papan ngriku sagêd ugi badhe dados papan panggaotan agêng.

Bangsa ngamanca badhe dhatêng tanah ngriki. Kawartosakên wontên student ing nagari Polen nama Antoni Rybak, benjing taun ngajêng badhe dhatêng tanah ngriki sarana numpak kapal alit. Pangkatipun saking Polen kanthi kanca tiyang gangsal, lajêng dhatêng nagari Walandi rumiyin, pêrlu sinau basa Walandi, wontênipun ingriku ngantos dumugi mangsa padhidhing. Anggènipun Rybak gadhah kapal alit wau sarana saking anggènipun kêklêmpak arta salêbêtipun kalih taun. Bidhalipun saking nagari Walandi kaangkah ing sabibaripun mangsa asrêp. Wontênipun ngriki gadhah sêdya badhe nyambut damêl, salajêngipun wangsul mantuk.

--- 1406 ---

Padagangan kapuk manggih sandhungan. Ing wêkdal punika padagangan kapuk saking tanah ngriki, panyadenipun ingkang kathah piyambak dhatêng Amerika, nanging salajêngipun Amerika botên mêndhêt malih. Ing bab punika andadosakên gonjinging padagangan kapuk, kathah kapuk ingkang tumandho wontên ing gudhang, ing salajêngipun ingkang wajib lajêng manggalih bab punika, sagêda kandhêging kapuk wau ngiras ngêntosi saening rêrêgèn.

Manggih barang kina. Tiyang ing dhusun Cisalak, Sumêdhang manggih barang kina warni lantingan alit mas. Anggèning manggih barang tiyang wau nyarêngi kala nuju dhudhuk-dhudhuk pados oyod-oyodan kangge jampi. Salajêngipun barang wau kakintunakên dhatêng pakaryan babagan barang kina.

Inggah-inggahan ing provincie Jawa Wetan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Wetan, M. Rêksoamijoyo, mantri pulisi klas 1 Paresidhenan Bojonêgoro, dados asistèn wêdana klas 2 Paresidhenan Bojonêgoro. Huripan ugi nama Wirodirêjo, juru sêrat klas 1 Paresidhenan Bojonêgoro, dados mantri pulisi Paresidhenan Bojonêgoro R. Sudibyo, Aib. nindakakên padamêlan adjunct-jaksa Landraad ing Jêmbêr, Paresidhenan Bêsuki, dados adjunct-jaksa Landraat ing panggenan wau. Duladi, Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi Paresidhenan Malang, dados asistèn wêdana Paresidhenan Malang. Abdurachman ugi nama Ranuatmojo, juru sêrat klas 1 Paresidhenan Malang, dados mantri pulisi Paresidhenan Malang.

Ingsêr-ingsêran ing provincie Jawi Têngah. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Têngah, R. Utoyo, mantri pulisi golongan veldpolitie Paresidhenan Banyumas, dados mantri pulisi Paresidhenan Sêmarang.

Mèngêti dados bupati sampun 30 taun. Ingkang bupati ing Blora R.M.A.A. Cakraningrat, mêntas mèngêti anggèning jumênêng bupati sampun 30 taun. Dhawahing dintên paargyan kathah para agêng ingkang sami rawuh, Residhèn Japara-Rêmbang, asistèn residhèn Blora tuwin sanès-sanèsipun. Ingkang bupati punika trah-tumêrah darah bupati ing Blora, kapetang bupati ingkang kaping 9 wiwit bupati ingkang kapisan, kala ing taun 1763.

Anggêgana ingkang kaping 500. Benjing tanggal 13 November punika motor mabur gadhahanipun K.L.M. badhe anggêgana saking nagari Walandi dhatêng tanah ngriki, kapetang anggêgana ingkang kaping 500. Bab punika pakaryan post ing tanah ngriki badhe ngawontênakên cap post ingkang maligi minangka pèngêtan. Wangsulipun dhatêng nagari Walandi wontên tanggal 27 November. Ingkang wontên cap kados makatên punika: Bandung, Batavia-C, Medan, Palembang, Sêmarang tuwin Surabaya. Tumrap para ingkang sami rêmên nglêmpakakên prangko, cap ingkang kados makatên punika langkung dipun wigatosakên, mila murih sagêd angsal prangko ingkang mawi kaêcap kados makatên, supados ngintunakên sêrat dhatêng kantor post ing Amsterdam dipun isèni sêrat kanthi prangko tuwin amplop ingkang tumuju dhatêng badanipun piyambak.

Kagunan damêl rêca Indu. Ing wêkdal punika ing Surakarta wontên tiyang sagêd damêl rêca prunggu awangun rêca kina Indu, ingkang wujudipun sampun sairib kalihan rêca Indu ingkang yêktos, panyadenipun mirah sangêt. Bab punika ngantos dados panggalihanipun ingkang wajib. Pandamêlipun rêca wau sarana dipun cithak. Sakawit damêl pêpêthan lilin, lajêng dipun bungkus ing lêmpung saha kabêsmi, sêsampunipun lilin luluh, lajêng dipun cor prunggu, sampun dados.

K.N.I.L.M. dêrma Tiongkok. Ing tanggal 4 wulan punika, K.N.I.L.M. ngawontênakên lampah anggêgana wontên sanginggilipun kitha Bêtawi sarana bayaran. Angsal-angsalaning arta ingkang 25% kadêrmakakên dhatêng Comite ambulance Tiongkok.

[Iklan]

Sêkar mêlati kangge ukup tèh. Firma Gie Hoo Seng ing Surakarta ingkang ngêdalakên tèh cap 999, badhe nanêm sêkar mêlathi wontên ing Kartasura, sarana nyewa siti ing Giriwoyo 2 bau. Sêkar mêlathi wau pêrlu badhe kangge ukup tèh.

Tatanan kindertulage. Miturut wartos, awit saking usulipun commisie babagan blanja, supados wontêning kindertulage sagêda nocogi kados tatanan blanja enggal. Mênggah tatananipun, supados ambedakakên tumraping golongan blanja sakêdhik tuwin blanja kathah. Tumrap ingkang blanja sakêdhik angsal kindertulage 5%, dene ingkang blanja kathah 4%, saking balanjanipun, mawi watêsan dumugi f 25.-. Kajawi punika ugi ngindhaki watêsing umuranipun lare, ingkang rumiyin namung dumugi 18, supados dumugi 21 taun.

NAGARI WALANDI.

Anggêgana tuwin radio. Wiwit tanggal 1 wulan punika, lampahing motor mabur ing antawising nagari Walandi kalihan tanah ngriki kawontênakên radio-telegram tumrap uruting nagari Walandi kalihan tanah ngriki.

Kabêsmèn agêng. Kala malêm 1 November punika ing Rijnhaven, Rotterdam wontên gêdhong-gêdhong kabêsmi. Ing gêdhong-gêdhong wau isi sata, kopi, kapuk tuwin sanès-sanèsipun, sadaya kêbêsmi ngantos têlas. Kala punika wontên pompa ngantos 37, nanging sami tanpa damêl. Kapitunanipun pintên-pintên yuta rupiyah, nanging sadaya sami malêbêt têtanggêlan.

EROPA.

Anggêgana ingkang unggul piyambak. Sampun sawatawis dintên wontên lampah anggêgana ingkang dipun tindakakên dening nonah Jean Batten saking Australie dhatêng Londen. Lampah wau sampun kêlampahan dumugi Lympne langkung rikat 14 jam 10 mênit tinimbang ingkang sampun dipun lampahi ing sanès. Pêpetanganing lampahipun Jean Batten, saking Darwin dhatêng Lympne 5 dintên 18 jam tuwin 15 mênit, dene lampah makatên ingkang dipun tindakakên dening Broadbent, wontên 6 dintên 8 jam tuwin 25 mênit. Nalika nglangkungi Kanaal motor maburipun Jean Batten dipun garubyug ing motor mabur kathah. Ing kala punika nonah wau katingal sayah sangêt, nanging katingal mèsêm tandhaning bingah. Tiyang ingkang mêthuk atusan sami surak-surak, nonah Jean Batten lajêng dipun angkat saking motor mabur.

--- 1407 ---

Wêwaosan

III Lêlampahanipun Ilya.

23

Ilya kalihan Solowe.

Samangke amangsuli malih cariyosipun Sang Ilya, ingkang nêdya dhatêng Kiyèph, prêlu ngawula dhatêng Sang Prabu Wladhimir, nanging lampahipun botên nêdya mêdal ing margi ingkang têntrêm, ngêmungakên badhe ngambah ing margi ingkang sampun tigang dasa taun laminipun tansah dipun ganggu damêl dening satunggilipun begal nama Solowe, ngantos botên wontên tiyang ingkang purun ngambah ing ngriku. Wusananipun margi wau kenging dipun wastani dados wana grêng.

Mênggah kajêngipun begal, Solowe wau, sajatosipun namung satunggiling pasêmon kemawon, inggih punika pasêmonipun kathahing tiyang awon ingkang tansah damêl rêrêsah wontên ing salêbêting praja ingkang dèrèng wontên pranatanipun ingkang anyêkapi, ngantos sagêd adamêl tata têntrêming praja wau.

Miturut cariyosipun, sadèrèngipun Sang Ilya, mila sampun kathah para prajurit tuwin para satriya ingkang naggulangi sakathahing tiyang awon wau, nanging ingkang prêlu ngêmungakên sami anjagi kitha Kiyèph sampun ngantos kadhatêngan parangmuka. Amila manawi para prajurit tuwin para satriya wau mêngkêr saking papaning têtiyang awon wau lajêng sami wangsul dhatêng Kiyèph malih, sakathahing tiyang awon punika inggih lajêng sami ngalêmpak malih saha adamêl rêrêsah malih kados ingkang sampun-sampun. Dene ingkang tinakdirakên sagêd ambengkas sadaya rêrêsah wau, ngêmungakên Sang Ilya, satunggiling prajurit anak turunipun tiyang tani saking papan ingkang têbih saking Kiyèph. Ing ngriki namung badhe nêrangakên, bilih têtiyang ingkang padununganipun têbih saking Kiyèph, ingkang sagêd ngraosakên sangsaranipun ginodha ing tiyang awon punika, amila manawi nêdya ngicalakên wontênipun rêrêsah wau, inggih namung têtiyang ingkang ngraosakên sangsaranipun wau, ingkang sagêd ngicalakên ngantos dumugi oyod-oyodipun pisan. Beda kalihan têtiyang ing Kiyèph, kithanipun kajagi kanthi santosa, dados têmtunipun inggih botên sagêd angraosakên sangsaranipun rêrêsah wau, amila anggènipun anandangi golongan rêrêsah inggih ngêmungakên: alah ora kemawon.

Samangke anyariyosakên ing bab: Pêrangipun Sang Ilya kalihan Solowe.

Kados ingkang sampun kacariyosakên ing nginggil, lampahipun Sang Ilya wau botên mêdal ing margi ingkang têntrêm, namung ambalasak mêdal ing margi lami ingkang sampun dados wana tuwin sampun kêthukulan ing rêrungkudan ingkang sampun inggil-inggil ngantos rêkaos sangêt anggènipun ngupadosi marginipun ingkang sayêktos.

Ing samargi-margi tansah sêpên tanpa wontên suwaraning kutu-kutu walang ataga. Lan sauruting margi wau Ilya tanpa kêpapag ing tiyang satunggal-tunggala. Awit pancèn botên wontên tiyang ingkang purun ngatingal wontên ing ngriku, punapa malih ngantos ngambah ing margi ngriku, sadaya tiyang rumaos jinja sangêt. Dalasan sato kewan kemawon inggih botên purun saba wontên ing papan ngriku, ngêmungakên pêksi dhangdhang ingkang sami pating klêpêr mabur wontên ing gêgana, kanthi nyuwara ingkang anggêgirisi.

Ingkang kala punika lampahipun kapal ingkang dipun tumpaki dening Ilya saya alon, sarta lajêng tansah dipun umbul-umbulakên kadosdene sumêrêp mêngsah ingkang botên kasat mata, utawi kadosdene angraos, bilih ing sacêlakipun ngriku wontên mêngsah. Jalaran saking punika Ilya lajêng enggal-enggal nyandhak cêmêthinipun ingkang kasabêtakên ing kapalipun, sarta amêksa kapalipun supados puruna ambandhang sakiyatipun. Patrapipun, Ilya ingkang makatên punika, adamêl nêpsuning kapalipun, ingkang lajêng nyobi ambrakot kêndhalinipun, saha lajêng anglumpati gumuk pintên-pintên, punapadene lèpèn tuwin pintên-pintên talaga, ngantos dumugi wana Brinêski, sarta ing rawa-rawa ingkang dados pakuburanipun pintên-pintên satriya tuwin prajurit.

Ing ngriku kapal wau ujug-ujug, grêg, kèndêl, sabab sakathahing krêtêg sampun botên wontên malih, dados inggih botên sagêd anglajêngakên lampahipun. Ilya enggal-enggal mêncolot saking kapalipun. Salajêngipun tangan ingkang kiwa kangge nuntun kapalipun, dene tangan ingkang têngên kangge ambêdholi wit agêng-agêng saking siti, saha ingkang lajêng kaêbruk-êbrukakên ing rawa-rawa wau. Kanthi ngambah ing kêkajêngan ingkang kaêbruk-êbrukakên ing rawa punika, Ilya sakapalipun sagêd dumugi ing Bangrika. Kala pangkatipun Sang Ilya sampun prasêtya sagêda dumugi ing Kiyèph sadèrèngipun pêtêng, amila anggènipun tumandang damêl inggih tansah kanthi rêrikatan. Jalaran saking kathahing wit-witan ingkang dipun bêdholi wau, anjalari kathahing pêksi gagak tuwin dhangdhang ingkang sami tangi saha sami mabur mumbul ing ngawiyat, sarta wontên ing nginggil lajêng sami ngumbar suwara ingkang saklangkung sora, ngantos prasaksat nyirêpakên suwaraning kêkajêngan ingkang kaêbruk-êbrukakên ing rawa-rawa wau. Sarêng sampun sagêd anglangkungi papan ingkang ambêbayani wau, Ilya lajêng numpaki kapalipun malih prêlu dhatêng papan rubeda ingkang ôngka [ông...]

--- 1408 ---

[...ka] kalih. Rikating lampahipun kapal ing samangke kadosdene sela sinawatakên. Lan botên watawis dangu, uwit ing sacêlakipun lèpèn Smaradinaya, tuwin papan padununganipun begal Solowe sampun sagêd katingal.

Ilya enggal-enggal amêthik sêkar apyun, ingkang lajêng kasêsêlakên ing kupingipun, murih sampun ngantos budhêg jalaran saking singsotipun begal ingkang suwaranipun saklangkung ngêrês-êrêsi. Kanthi botên mamang babarpisan, salajêngipun, Ilya anjujug dhatêng ing padununganipun begal Solowe wau. Dene Solowe piyambak, saking katêbihan sampun mirêng bilih wontên prajurit ingkang andhatêngi. Sakala punika pun begal lajêng angumbar suwara, ingkang ungêlipun jumlêgur kados galudhug, kirang langkung makatên: He, sapa kang wani ngambah ing dalan kang anjog ing papan padununganaku iki.

Sampunipun cariyos makatên wau, begal Solowe lajêng ngêrik kados rasêksa, anggêrêng kados sima, tuwin ngakak kados naga. Suwaraning begal Solowe ingkang makatên, adamêl orêging wana ing sakubênganipun papan ngriku. Kapalipun Ilya ambruk, lan badanipun sakojur andharodhog. Nanging pun Ilya piyambak botên ebah, prasaksat kados plikêt kalihan kapalipun, ing ngriku botên katingal bilih piyambakipun anggadhahi ajrih sakêdhik-kêdhika. Piyambakipun mêndhêt cêmêthinipun sutra malih, saha kanthi anggêbag kapalipun, piyambakipun cariyos makatên:

He, mitraku kang sêtya sarta mituhu, genea kowe têka kagèt mêngkono, apa kowe salawase durung tau ngambah ing alas. Apa kowe durung tau krungu pangêriking jangkrik, apa kowe durung tau wêruh ngêsêsing ula, lan apa kowe durung tau krungu pambêngoking sato galak kang ora olèh mangsan. Wis, tangia bae manèh. Aku gawanên nyang susuhe begal Solowe, yaiku araning begal, kang wis têlung puluh taun lawase tansah anggunagawe ing dalan kang anjog nyang Kiyèph iki, lan kang wus amatèni pirang-pirang wong kang padha liwat ana ing kene.

Kapal lajêng nyat, ngadêg malih, saha lampahipun anuju ing papanipun begal wau, saya langkung rikat katimbang ingkang sampun-sampun. Ningali kawontênan ingkang makatên punika, Solowe gumun tanpa upami. Awit salaminipun Solowe angratoni ing wana ngriku laminipun tigang dasa taun, dèrèng nate kalampahan, wontên tiyang numpak kapal mirêng pangêrik saha panggêrêngipun, botên lajêng dhawah pêjah sanalika punika ugi, kapal ingkang agêng tuwin santosa, limrahipun sok lajêng ambandhang numbuk-numbuk wit-witan antosngantos. dumugining pêjah, ing samangke piyambakipun têka ujug-ujug nyipati, kapal saha ingkang numpak pisan, dening pangêrik saha panggêrêngipun wau, botên pêjah, malah katingalipun kadosdene botên ajrih babarpisan. Kosokwangsulipun jêbul malah ngênêr nuju dhatêng papan padununganipun, mênggah gagasanipun Solowe: E, hladallah, rupane wong iki wis bosên urip ana ing donya kene. Saking kêpenginipun sumêrêp cêtha wujudipun tiyang numpak kapal ingkang andhatêngi punika, ing sakawit Solowe manglungakên sirahipun, nanging botên watawis dangu malih lajêng manglungakên badanipun saking papan padununganipun wau. Sarêng Ilya sumêrêp badanipun Solowe wau, sakala punika piyambakipun supe dhatêng prasêtyanipun, nyandhak gandhewa saha jêmparing, saha lajêng cariyos dhatêng jêmparingipun makatên:

He, panah, kowe tak lêpasake saka gandhewa iki, poma, bisa angênani mripate Solowe kang sisih têngên, manjinga ing sirahe, lan mêtua manèh saka ing kupinge kiwa.

Jêmparing lajêng kalêpasakên saking gandhewa. Dhawahing jêmparing cocog kadosdene pikajêngipun Ilya. Inggih punika ngengingi mripatipun Solowe ingkang sisih têngên, lumêbêt ing sirah ngantos têmbus, saha lajêng mêdal malih saking kuping ingkang sisih kiwa. Nanging mênggahing Solowe, punika pancèn nyata kiyat saha digdaya, sanadyan kenging jêmparing ingkang ngantos têmbus kados ingkang sampun kacariyosakên wau, ewasamantên piyambakipun mêksa botên pêjah. Ngêmungakên lajêng dhawah saking papan padununganipun dumugi ing siti. Suwaraning panjêritipun Solowe, saklangkung sora lan anggêgirisi, ngantos adamêl kagèting sato kewan ingkang dêdunung wontên ing wana ngriku, ingkang lajêng sami salang-tunjang lumajêng nilar wana ngriku. Kanthi cikat lan trêngginas, Ilya enggal-enggal nyandhak Solowe, ingkang gulunipun lajêng tinangsulan ing tangsul sutra, saha ingkang lajêng katangsulakên wontên ing sônggawêdhi. Sasampunipun makatên kapal lajêng kabandhangakên sakiyatipun. Salêbêtipun punika, Solowe tansah têrus anggandhul wontên ing sônggawêdhi, sarta anggagas ing bab kawoning juritipun, tuwin amanah bilih botên sande piyambakipun têmtu badhe angsal paukuman ingkang sakalangkung awrat, awit piyambakipun rumaos, bilih dosanipun punika saklangkung agêng ngantos botên sagêd dipun apuntên malih. Badhe kasambêtan.

--- 173 ---

No. 44, taun VIII.

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI : BU-MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CÈNTRUM RÊGANE SATAUN f 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

MANGSULI LAYANG

Susatya, Ngutêr, Surakarta. Wiyose, aku wis tampa layangmu lan surasane ya wis mangêrti kabèh. Pitakonmu bab Uncle Sum, miturut têtêmbungane ing layang nyang Bu Mar, dhèwèke kuwi, ya wong Jawa, nanging manggon ing Singapure, dene pira lawase Bu Mar durung cêtha. Susatya, bab panêmumu aku uga cocog bangêt, pancèn karêpku iya mangkono, mêngko Uncle Sum dakkandhanane babar pisan.

Sum, Kêbumèn. Bangêt panrimaku kokirimi layang manèh sarta cangkriman karo batangane pisan. Sum, nalika tanggal 10 October apa kowe iya ndêlok pangantèn ing Kêbumèn, mêsthine iya, nanging ora kêtêmu karo Bu Mar. Wah ramene ya, Sum, lan apike ora jamak ya? Ing sarèhne dhèk samono wayahe cumpèn mula aku ora mampir nyang êndi-êndi.

Uncle Sum, Box 45 Singapure. Ing sarèhne adhi-adhimu kabèh durung wêruh Singapure, panjalukku marang kowe, supaya kowe nyaritakna kaanan ing kana kang pêrlu disumurupi bocah lan wong ing tanah Jawa kene, upamane: I Bangsa panganan, wowohan apa kang ing tanah Jawa kene ora ana. II Lêlakone bocah utawa wong ing kono, sasrawungane lan liya-liyane. III Ngirimake gambar warna-warna kanggo dipacak ing Taman Bocah. Kapriye Uncle Sum, ibumu tansah ngarêp-arêp wangsulanmu.

Kushani c/o Mantri Politie Genteng S.S. O/L Kalisêntil (Banyuwangi). Pitêpunganmu wis daktampa kanthi sênênging atiku lan lêlucon uga wis kêtampan. Kapan kowe ngirimi layang nyang Bu Mar manèh?

Sunaka c/o Cipier Tuban. Wah la kok lawas têmên, nêmbe saiki kowe ngirimi layang nyang ibumu manèh. Nanging ya ora dadi apa, janji kowe isih eling nyang ibumu. Su, mula pancèn ing Bêtawi ya akèh Padvinder. Apa kowe isih dadi Padvinder lan apa isih têmên anggonmu nglakoni kuwajibanmu?

S. Arbangga, Banyumas. Kirimanmu lêlucon wis daktampani, ora liya bangêt panrimaku. Ibumu ngarêp-arêp kirimanmu dêdongengan kang lucu sarta anèh-anèh.

Sriyudati p/a Siswasudirja, Grêmêt, Badian, Manahan, Solo. Panjalukmu conto (Taman Bocah) wis dakaturake nyang administratie, sawatara dina manèh bakal nampa.

Amb, Bululawang. Mula ya wis lawas bangêt kowe ora ngirimi layang Bu Mar. Ing wêktu iki Bu Mar ginanjar slamêt ora kurang sawiji apa, sing daksuwun ya mangkonoa sabanjure. Kirimanmu lêlucon wis kêtampan, bangêt panrimaku.

Kusmiyati, Bandung. Pitêpunganmu wis daktampa kanthi bunaghingbungahing. atiku. Luwih bêcik, upama kowe ngirimi dêdongengan, dolanan bocah, têtêmbangan lan liya-liyane.

Surtiyah, Gunungwungkal. Wah Ti, kok kêmêcêr aku krungu yèn ing Gunungwungkal wis ungsum durèn lan rambutan, ing Bêtawi kok durung apa-apa. Sanajan anggonmu ngirimi wowohan iku sarana batin bae, nanging ya taktrima kanthi bungah. Tandha yèn kowe isih eling nyang ibumu. Dene karo ale kaya sing kok kandhakake, aku durung tau kêpêthukan, kaya apa ta rupane Ti? Kowe pijêr ngiming-imingi ibumu bae, ana bothok barang, ya wis ta ibumu kirimana gaweyanmu bothok kanthi batin manèh.

Sri Sasanti, Priyambadan, Surakarta. Kirimanmu karangan wis daktampa kanthi sênênging atiku. Rama Petruk apadene Ibu Petruk lan Bu Mar nalika dina Sênèn tanggal 25 October wis padha bali nyang Bungur Jawa kanthi raarja. Ing sarèhne wayahe cumpèn, mula ora bisa mampir ing êndi-êndi.

Doddhy, Bawang. Miturut critamu ing layang, ing Bawang kuwi kok bangêt anggone anyênêngake, apa-apa murah, lan hawane kapenak. Doddhy, la kok murah têmên rêgane jêruk kêprok, nèk ing Bêtawi ya ora entuk samono. Mulane kowe saiki rak wis krasan bangêt ta, ana ing Bawang, ora anduwèni kêpengin sêkolah manèh ing kutha gêdhe. Doddhy, manggona ing kutha gêdhe, yèn tansah ringkih, ya ora sênêng. Saiki kowe miturut kandhane adhimu wis waras bangêt, dadi rak ya luwih sênêng tinimbang karo ana ing ngêndi-êndi ta. Buku kang diimpun dening R.A. Suwarsi sawatara dina manèh rampung, nanging yèn kowe arêp tuku, saiki ya wis kêna, bêcike ngaturana layang mênyang administratie.

Langganan K. No. 643, Surakarta. Sarèhne karanganmu babar pisan ora ngêrtèkake, mula ora bisa kapacak.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar.

--- 174 ---

KALI KAPUAS

[Grafik]

Iki lo bocah-bocah, daktuduhi gambar sêsawangan ing pinggir kali, kang agawe lamlame ati: gambar mau anane kali ing tanah Borneo.

Kaya-kaya bocah-bocah sêkolah ing jaman saiki, kala-kala iya sok diajak dening gurune mênyang panggonan kang anêngsêmake, kang sakira gawe gumbiraning bocah-bocah kang ing wusanane agawe kuwarasan.

LÊLUCON

TUKANG SULAP.

Saliman: "Min, tukang sulap sing main wingi kae pintêr tênan ya?"

Salimin: "Pintêr apa, wong main kaya ngono kok jare pintêr."

Saliman: "E, pancèn jêmpol tênan, wong mau nyilih dhuwit rupiyah, dakwènèhi rupiyah tembelan, barêng dakjaluk jêbul diwènèhi dhuwit kang ora tembelan, lan kêna dakênggo tuku sate kambing.

S. Sunjoyo, Salatiga.

Din: "Min, Min, genea kowe têka nangis?"

Min: "La wong aku nêmu dhuwit."

Din: "Lo kok anèh ta kowe kuwi, wong nêmu dhuwit kok malah nangis."

Min: "Iya, lanla. wong dhuwite tembelan."

A.B.M.

Ibu: "Min, apa kowe wis adus, kok dolanan?"

Sarimin: "Durung bu, adusa kae mêngko iya rêgêd manèh."

S. Arbanga, Banyumas.

BÊCIK KATITIK ALA KÊTARA

Ana sawijining wong tani, sugih abandha-abandhu. Wong tani mau uripe sênêng bangêt, bature akèh, sarta padha têmên-têmên.

Nanging anuju sawijining dina, ana lêlakon kang ora tau ana, yaiku: Pak tani mau kelangan sendhok lan porok salaka, bangêt andadèkake kagèt lan gumune. Saking bingunge atine, awit ora bisa ngarani sapa sing nyolong, dhèwèke banjur ngundang bature kabèh, diajak mangan enak. Barêng bature wis padha kumpul, pak tani calathu. Batur-baturku kabèh, dhèk wingi aku kelangan sendhok saporoke. Bangêt gumunku, awit salawase ora tau. Sarèhne aku ora bisa nudhing sapa kang njupuk, aku nêmu akal, yaiku sapa kang irunge ana êlare, yaiku kang njupuk."

Salah sijine batur-batur mau kang sanyatane malinge, kagèt bangêt, sarta age-age ngêmèk irunge."

Saiki pak tani wêruh sapa kang njupuk.

Sri Sabariyah, Kêdiri.

--- 175 ---

KÊTHÈK LAN BULUS

(Candhake)

Kêthèk banjur ngêpuk-êpuk liyane, plêk! plêk! unine. "Na, iki panganku." Banjur dipêthiki, sarta nuli lungguh ing pang, banjur ngoncèki nangka mau karo tangan lan untune. Sasuwene anggone ngoncèki, tangane gupak pulut; saka tangan, nyang rai, nganti matane ora bisa mêlèk, awit idêpe krakêt kênang pulut. Si kêthèk bangêt susahe ngrasakake bab iki, dumadakan krungu swara saka ngisor mangkene: "Dhi kêthèk, lagi ana apa ta. Têka ketok ibut têmên?"

Si kêthèk rupa-rupane anduwèni isin, ora gêlêm ngandhakake apa sêbabe, dadi mung mangsuli mangkene: "Aku lagi mangan nangka, nangka sing isih ênom, kang daktibakake, apa kakang wis mangan?"

Wangsulane si bulus: "Dudu nangka ênom sing kotibakake mau, dhi, kuwi nangka matêng, wah lêgine ora jamak!"

Barêng kêthèk krungu cêlathune si bulus mangkono mau, banjur andêlok mangisor karo matane sasisih, sing isih mêlèk sathithik. Dhèwèke wêruh, pancèn nyata si bulus lagi enak-enak mangan nangka, banjur kêthèk ambatin mangkene: "Saiki aku kapusan manèh." Kêthèk banjur calathu marang bulus: karo pringas-pringis mangkene: "Kakang bulus, ora pantês kêlakuanmu iku, mêngkono patrapmu ya nyang aku, pancèn kêbangêtên tênan kowe kuwi."

Sawise calathu mangkono si kêthèk banjur mudhun, nanging tansah kêjêglug-jêglug êndhase, awit durung bisa mêlèk babarpisan. Barêng têkan ngisor, si kêthèk takon mangkene: "Ana ngêndi ta kang bulus iki?"

Wangsulane si bulus: "Ing kene dhi!"

Calathune kêthèk: "Kang, ambok iya aku diwènèhi nangkane matêng."

Calathune bulus: "Gilo iki ta, dhi, sanyamplung.

Sawise si kêthèk mangan nangkane, banjur calathu: "Wah, pancèn enak tênan, lêgine ora jamak! Ambok iya aku wènèhana manèh."

Bulus: "Ha, wis êntèk!"

Calathune si kêthèk: "Ai kêbangêtên têmên, kang bulus, bangêt drêngkimu marang aku!"

Wangsulane bulus: "Apa, drêngki? Kapriye kok si adhi ngarani aku drêngki? Apa dudu kowe dhewe sing mènèhi nangka iki nyang aku. Sapa sing mêthik lan sapa sing nibakake, kok jêbul ngarani wong sagêlêm-gêlême."

Barêng si kêthèk krungu kandhane si bulus iku, dhèwèke ora wani mangsuli manèh, lan ora wani gunêman apa-apa, nanging panas atine, banjur ngajak bali bae.

Kandhane bulus: "Iya bêcik padha mulih bae, wêtêngku wis krasa luwe."

Karo-karone nuli padha mulih. Sajrone padha lumaku, si kêthèk ora gêlêm ngomong, dhèwèke mung mikir-mikir ing batin golèk akal kanggo malês si bulus.

Barêng wis sawatara suwe anggone lumaku, si kêthèk ethok-ethok sayah bangêt, banjur calathu: "Ayo padha lèrèn sadhela, lungguh ngilangake kêsêle."

Wangsulane bulus: "Iya bêcik."

Barêng wis lungguh sadhela, si kêthèk ethk-ethok turu. Sadhela manèh dhèwèke ethok-ethok kagèt karo mlumpat, pringas-pringis, kaya wong kêbungahên, karo calathu mangkene: "Kakang bulus, aku ngimpi, kakang!"

Wangsulane si bulus: "Caritakna, apa impènmu mau!"

Cêlathune si kêthèk: "Aku ngimpi, yèn ing kêbone pak tani ana jae, kang lagi enak-enake dipangan, ayo padha mrana."

Kandhane bulus: "Êmoh aku, aku wêdi."

Calathune kêthèk: "Apa sing kokwêdèni?" Wangsulane si bulus: "Apa kowe ora wêruh, ing kêbon iku ana pagêre."

Ana candhake.

WONG CÊTHIL NÊMU WIRANG

Ana wong desa miskin, nandur tela ana ing kêbone, barêng didhudhuk ana siji sing gêdhe bangêt, gawe erame wong akèh. Calathune wong miskin: "Ki Dêmang mêsthi rêna, manawa tela iki dakcaosake, mula mêngko dakcaosake.

Tela nuli dicaosake Kyai Dêmang. Kyai Dêmang ngalêm tabêrine wong desa mau, banjur maringi dhuwit sarupiyah minangka pituwase tabêrine.

Ing desa kono ana wong sugih, nanging cêthil bangêt. Wong mau krungu yèn Kyai Dêmang maringi dhuwit sarupiyah marang wong nyaosi tela siji. Calathune: "Kyai Dêmang arêp dakcaosi pêdhèt siji. Yèn wong nyaosi tela diparingi sarupiyah iba akèhe tampaku yèn dicaosi pêdhèt.

Pêdhèt nuli digawa mênyang kadêmangan. Satêkane ing kono pêdhèt nuli dicaosake.

Kyai Dêmang ora samar karêpe wong cêthil mau, mula nampik pawèwèhe. Nanging sarèhne wong cêthil mêksa panjaluke supaya ditampa, mula banjur ditampani karo calathu: "Sarèhne kowe loma nyang aku, mula aku ya mènèhi sing luwih rêgane tinimbang pêdhètmu." Sawise calathu mangkono wong cêthil diulungi tela kasêbut dhuwur mau. Barêng wong cêthil nampa pawèwèhe Kyai Dêmang bangêt kagèt lan gêtune.

Sri Sasanti, Solo.

--- [176] ---

KASANGA

(Candhake)

Sang ratu dhawuh pangandika manèh: "Ing satêngahing sêgara kidul ana sawijining baya putih kang kuwasa bangêt lan uga ngêrèh praja. Dhèk biyèn dhèwèke dadi ratu ing nêgara kene, nanging bangêt ora adhile sarta ambêk misesa, gawene mangan manungsa, yaiku para kawulane saka siji, nganti êntèk pirang-pirang wong. Ananging ora lawas anggone dadi ratu, banjur dilorot dening Sang Ratu Aji Saka, nuli minggat mênyang sêgara kidul, isih dadi baya putih. Yèn kowe bisa matèni baya putih mau, kowe bakal dakaku putra!"

Sawise ula krungu dhawuhe sang ratu, banjur enggal-enggal nyuwun pamit, nuli lunga pêrlu ngèstokake dhawuhe sang ratu mau.

Ula mau anjujug mênyang pasisir, nyêmplung ing sêgara, têrus mlêbu ing kêdhaton panggonane mungsuhe sang ratu. Kewan loro mau nuli padha pêrang, kang anggêgirisi bangêt. Ora suwe banjur bubar, dene sing mênang ulane, kêlakon bisa ngalahake baya putih kanthi gampang bae. Ula nuli mulih mênyang Mêndhang Kamulan, nanging lakune nlosor mêtu sajroning lêmah. Barêng têkan ing sacêdhake Mêndhang Kamulan dhèwèke nuli mêncungul lan banjur kongkonan salah sawijining prajurit kang jaga gapuraning kêdhaton, supaya matur nyang sang ratu, manawa baya putih wis tumêka pati.

Kanggo tandha dhèwèke anggawa mata lan ilate baya putih, nêdya diaturake mênyang panjênêngane sang ratu. Ing mbatos sang ratu ora rêna pênggalihe mirêng yèn ula bisa matèni baya putih ing sêgara Kidul. Sang ratu banjur pados rekadaya manèh, supaya sagêd luwar saka patraping dhayoh kang ngrisèni lan ngrubêdi iku. Ora antara suwe banjur dhawuh marang kongkonane ula mangkene: 'Kandhaa marang ula iku, yèn bangêt ing bungahku krungu kabar mangkono, lan aku anduwèni niyat, dhèwèke arêp dakdadèkake ratu ing prajane baya putih, minangka gêntine. Saiki konên mulih dhisik nyang panggonane dhewe."

Prajurit mau nuli ngandhakake apa pangandikane sang ratu, marang ulane lan desa panggonane kaparingan jênêng Kuwu. Prajurit uga kadhawuhan ngandhani, yèn sang ratu bakal rawuh ing desa Kuwu.

Sang ratu nuli utusan gawe pênganggo wêsi kang srêg awake ula mau. Barêng wis rampung, panjênêngane banjur tindak nyang Kuwu kadhèrèkake para kawula kang anggawa pênganggo wêsi kanggo kewan mau. Sarawuhe ing kono, sang ratu ngandika mangkene: "O, anakku, têkaku mrene, pêrlu tilik kowe lan arêp nêkakake sing dadi niyatku. Kowe wis bisa matèni mungsuhku, saiki kêrajane baya putih dakparingake nyang kowe. Gilo iki wis dakgawèkake panganggo, sarèhne kowe dina iki wis jumênêng ratu, saiki ênggonên lan ndang pangkata nyang sêgara Kidul.

Ula mau bungahe tanpa upama, nuli matur nuwun nyang sang ratu. Sawise nuli pangkat nyang panggonan anyar, yaiku kêdhatone baya putih, kadhèrèkake sakèhing kawulane sang ratu. Barêng wis cêdhak ing panggonan kang dijujug, panganggo wêsi mau nuli diênggokake, nanging satêmêne, dudu panganggoning raja, malah krangkèng, yèn diênggo rasane kayadene ing pakunjaran. Barêng ula wis nganggo sandhangan wêsi mau, babar pisan ora bisa ngobahake awake, mung bisa ngêngakake cangkême, kanggo nampani pangane. Kabèh kang tiba ing cangkême têrus diulu. Cangkême mau bangêt gêdhene nganti kaya guwa. Akèh wong sing ora ngêti, yèn iku cangkêming ula.

Anuju sawijining dina ana bocah lanang sêpuluh, angon kêbo. Barêng padha têkan ing sacêdhake ula mau, dumadakan udan dêrês. Arêp ngeyub, ora ana pangeyuban, têrus padha lumaku. Ing kono salah sawijining bocah wêruh guwa gêdhe, kang banjur calathu marang kanca-kancane: "E, renea padha ngeyub ing kene." Kabèh padha mlêbu, kajaba siji kang anduwèni lara gudhig, ora entuk mlêbu dening kanca-kancane, awit padha ênêg. Lagi bae bocah sing nomêr sanga mlêbu ing guwa, ula mau têrus mingkêm lan bocah sanga diulu kabèh.

Bocah kang gudhigên, disêngiti dening kanca-kancane malah slamêt. Bocah mau, barêng wêruh kancane sanga dipangan ula kabèh, banjur nangis ngguguk nuli mulih ngandhakake kacilakan mau marang para wong tuwaning kabèh kanca-kancane. Wis mêsthi bae wong tuwane padha susah lan uga nêsu, banjur ngadhêp sang ratu lan ngaturake kêlakuane kewan kang gêdhe iku. Sang ratu rawuh piyambak lan ngêtingalake rêngune lan êndhase ula nêdya dipaku supaya ora bisa mênga cangkême.

Kocapa si ula ora gêlêm, nuli budi sarosane, nganti orêg kayadene lindhu gêdhe. Wit-witan ing sacêdhake padha rubuh. Sanalika iku mêndhung lan ora suwe banjur udan dêrês, blêdhège nyambêr-nyambêr. Barêng udane wis rada têrang, ulane wis ora ketok manèh kêtutupan êndhut. Ananging tilas panggonane ula mau isih aran Kasanga, miturut cacahing bocah kang dimangsa dening ula mau.

Cuthêl.

Batangan cangkriman kang katulis nalika tanggal 30 October: Wong ngêncup kinjêng.

CANGKRIMAN ANYAR.

Ana wong tani duwe sawah sabau lan anak lima. Ing mangsa udan, wong mau arêp ngêdum pagaweane marang anake lima iku. Kang pêmbarêp diwènèhi pagawean kang 1/4 bau. Dene anake papat diwènèhi pagawean kang 3/4 bau. Kapriye pangêdume sawah 3/4 bau iku, kang padha ambane lan padha rupane. Supaya aja padha grêjêgan.

Sum, Kêbumèn.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

SUWARGI K.R.A. SASRADININGRAT IV

Kapacak wontên ing Volksalmanak Jawi 1938.

K.R.A. Sasradiningrat IV punika putranipun K.R.A. Sasranagara. Miyosipun kala tanggal kaping 20 Juni 1847, asmanipun timur R.M. Saliman, apêparab R.M. Jomba.

Yuswa 2 taun kapundhut putra K.R. Kancana, pramèswari dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Paku Buwana VII.

Yuswa 6 taun dipun tilar seda K.R. Kancana, lajêng kapundhut putra K.P.A. Kusumadilaga, rayi dalêm K.R. Kancana.

Yuswa 12 taun kadadosakên lurah panakawan Rêcaci, jaman Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. VII.

Yuswa 18 taun, kakarsakakên dados santana dalêm panji, kapatêdhan nama R.M.P. Wuryaningrat.

Yuswa 22 taun kawisudha dados abdi dalêm kaliwon galadhag, kapatêdhan nama R.M.Ng. Jayasudirja. Lêt 3 taun kakarsakakên dados abdi dalêm kaliwon damêl ing jawi golongan agêng, kapatêdhan nama R.M.Ng. Purwanagara.

Yuswa 29 taun winisudha dados abdi dalêm bupati nayaka jawi.

Yuswa 31 taun dipun trimani putri dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. IX.

Yuswa 39 taun kakarsakakên dados abdi dalêm bupati nayaka lêbêt golongan kaparak têngên, kapatêdhan nama R.M.T. Purwadiningrat.

Yuswa 45 taun kakarsakakên dados pêpatih dalêm. Kapatêdhan nama K.R.A. Sasradiningrat.

Yuswa 71 taun nyuwun lèrèh anggènipun dados pêpatih dalêm, lajêng dêdalêm wontên ing Kleca ngantos dumugi sedanipun, yuswa 80 taun langkung. Mila ugi misuwur nama Kangjêng Kleca.

Kangjêng Kleca misuwur satunggiling bangsa luhur ingkang mumpuni dhatêng sadaya kagunan. Mangka jaman timuripun dèrèng wontên sakolahan. Ingkang kenging kaanggêp dados gurunipun inggih punika: 1. K.P.A. Kusumadilaga, êmpunipun kawruh padhalangan lan karawitan; 2. R.Ng. Ranggawarsita, pujangga dalêm ing karaton Surakarta; 3. K.G.P.A.A. Mangkunagara IV.

Kangjêng Kleca kathah têtilaranipun ingkang dipun pundhi-pundhi - dipun lêluri - dipun aji-aji sarta dipun rêmêni dhatêng bangsa Jawi. Pahêman Radya Pustaka, Sriwêdari, sakolahan Mambangulngulum, Museum lan sanès-sanèsipun, punika ingkang ngêdêgakên inggih Kangjêng Kleca. Gêndhing Jawi ingkang enggal-enggal, ingkang ngantos sapriki dados kasênênganipun bangsa Jawi, punika inggih Kangjêng Kleca ingkang ambangun utawi andandosi. Makatên ugi têtingalan Kêthoprak utawi gêndhingan ingkang kanamakakên Santiswara, punika wontênipun inggih nalika jaman sugêngipun Kangjêng Kleca.

Gêndhing Jawi ingkang dipun bangun utawi dipun dandosi dhatêng Kangjêng Kleca wontên 134 warni. Murih cêthanipun kula aturi mriksani: VOLKSALMANAK DJAWI 1938.

--- [0] ---

Ôngka 90, Rê, Wa: 7 Pasa, Ehe 1868, 10 Nopèmbêr 1937, Taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan... f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pasareyan ing Girilayu - Tèntunsêtèlêng ing Paris - Konggrès Java-Instituut ing Bali - Bab Siyam - Kawontênan ing Tiongkok - Kawontênan ing Purwakêrta - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

[Grafik]

Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana sakalihan Gusti Kangjêng Ratu Êmas, putri dalêm Gusti Kangjêng Ratu Pambayun, tuwin para putra-putri, wontên ing Pasareyan Girilayu, pasareyan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV tuwin V.

--- 1410 ---

Tèntunsêtèlêng ing Paris

Kados ingkang sampun kacariyosakên ing Kajawèn kêpêngkêr, ing bab tèntunsêtèlêng ing Paris. Mênggah papaning tèntunsêtèlêng punika jêmbaripun kintên-kintên wontên 80 hektarê, manggèn wontên sauruting lèpèn Seine, panjangipun ngantos tigang kilomètêr. Ingkang tumut ngêdali ing ngriku wontên nagari 50. Griya-griyanipun agêng alit ingkang sarwa pèni wontên 250. Nagari Walandi ugi tumut ngêdali. Waragading pandamêlipun gêdhong-gêdhong wau têlas samilyarêd prang.

Tèntunsêtèlêng ing Paris punika kenging didipundipun. wastani tèntunsêtèlêng ingkang ing sadonya agêng piyambak. Jalaran saking agênging tèntunsêtèlêng wau, tumrap ingkang sami badhe mriksani dipun sadhiyani tumpakan ing lèpèn Seine, awarni baita motor, utawi ing dharatan ngangge tram lêstrik.

Dumugining wulan Sèptèmbêr tiyang ingkang ningali wontên 15.000.000. Bibaripun tèntunsêtèlêng punika ing wulan Nopèmbêr.

[Grafik]

Gambar ing nginggil piyambak: satunggiling gapura kangge malêbêt dhatêng tèntunsêtèlêng. Ing ngriku katingal mênara tosan ingkang langkung misuwur nama Eiffel. Ngandhapipun: panggenan baita motor sewan, ing lèpèn Seine. Sisih kiwa: tram listrik ing papan tèntunsêtèlêng.

--- 1411 ---

Konggrès Java-Instituut ing Bali

Sambêtipun Kajawèn nomêr 89

Babagan kalihan prêluning kulawarga wau, ing sabên kulawarga gadhah candhi tuwin pura, ingkang sabên satêngah taun sapisan kawontênakên pahargyan ingkang dipun dhatêngi ing kulawarga sadaya. Pura ingkang kados makatên punika dipun wastani pura Paibon utawi pura Dadya. Kajawi punika taksih wontên tatacara malih ingkang majêngipun anglêmpakakên arta kangge maragati pahargyan warni-warni.

[Iklan]

Tumrap golongan tani ugi gadhah pakêmpalan piyambak, ingkang dipun namakakên Sêkees Subak, pakêmpalan wau akajêng tulung-tinulung tuwin nyambutdamêl gotong-royong dhatêng babagan toya, bêndungan tuwin sanès-sanèsipun. Kajawi punika ugi anggadhahi pang-pang, ingkang wosipun nindakakên karukunan babagan têtanèn. Têtiyang ingkang tumandang ing damêl ngriku namung angsal ingon. Tumrap bôngsa Bali langkung mêmêtri dhatêng wontênipun Dèwi Sri, ingkang katindakakên wontên ing pura Ulunsari.

Pamêdal ing Bali ingkang ngantos sumêbar dhatêng nagari sanès, awarni koprah, babi, rajakaya tuwin kopi. Kajawi punika bôngsa Bali misuwur ing bab kagunanipun ngukir kajêng, êmas, salaka, têmbagi, tosan tuwin sanès-sanèsipun. Makatên ugi sami mumpuni ulah krawitan tuwin jogèd.

--- 1412 ---

Ngantos sapriki bôngsa Bali punika taksih têtêp dèrèng sagêd kalêbêtan daya saking jawi ingkang gêgayutan kalihan agami, mila pasupêkêtanipun taksih katingal.

[Grafik]

Têtingalan ringgit tiyang Bali.

Salajêngipun dipun sambêti wêdhar sabdanipun Anak Agung Ngurah Agung, pangagêng praja ing Gianyar, mêdharakên ing bab panggêsanganipun bôngsa Bali. Ing bab punika pamêdhar sabda mratelakakên ing bab pêperanganing golongan, inggih punika ingkang dipun wastani: kasta.

Bôngsa Bali punika dipun perang dados kawan kasta, inggih punika: brahmana, kasatriya, wesya tuwin sudra. Satunggal-satunggaling kasta wau anggadhahi golongan-golongan malih, upaminipun kasta brahma, punika gadhah golongan nama kêmanuh tuwin kênitèn. Kasatriya gadhah golongan: kasatriya dalêm, punggakan tuwin sanès-sanès malih, makatên ugi sanès-sanèsipun.

Sap-sapaning kasta wau, tiyang sagêd mangrêtos namung mirid saking sêsêbutanipun, kados ta: tumrap brahmana gadhah sêsêbutan: Idha, kasatriya sêbutan Idhewa, ngaka tuwin sanès-sanèsipun malih. Wesya sêbutan: I gusti, tuwin sanès-sanèsipun. Dene tumrap sudra namung sêbutan: I, kemawon.

--- 1413 ---

Ing salajêngipun pamêdhar sabda mratelakakên ing bab cara-caraning manawi nindakakên pahargyan sapanunggilanipun, wiwit lair ngantos dumugining ajal.

Sasampuning ngaso, pangarsaning konggrès, Propesor Husèn Jayadiningrat, ngacarani Dr. Stutterheim mêdhar sabda ing bab Bali Kina. Cêkakaning andharan, dhatêngipun bôngsa Walandi ing pulo wau kala ing taun 1597 ing sasampunipun ngambah tanah Jawi.

[Iklan]

Ing kinanipun, sarisaking nagari Majapait, ingkang jumênêng nata ing Bali sakalangkung binathara, ngungkuli kawontênanipun ing Jawi, amargi ing kala punika karajan Islam ing Mataram dèrèng madêg. Beda kalihan jamanipun Prabu Erlangga, ngantos salajêngipun, pancèn binatharanipun pinanggih wontên ing tanah Jawi. Kaluhuranipun karajan Bali, punika sagêd nitik saking wontêning barang-barang yêyasan.

Barang-barang Bali kina punika kenging kaangge pasaksèn dhatêng suda lumungsuring kaluhuran. Ing kinanipun caking wêwangunan barang Bali kalihan Jawi punika iriban kemawon, nanging dangu-dangu lajêng saya têbih.

Tumrap pasrawunganipun tiyang ing Bali kala ing jaman kina, botên patos katingal, awit ingkang kasêbut ing pèngêtan namung pinanggih tumrantumrap. ing bôngsa luhur. Nanging sarêng dipun udi tuwin urut-urut, kawontênan ing jaman kina dumuginipun sapunika botên sapintêna gèsèhipun. Ingkang makatên punika lajêng ngatingalakên bilih kabudayan Bali punika taksih têtêp, mila wajib dipun rêksa sampun ngantos kêsilêp ingkang wêkasan kecalan lari.

Satamating sêsorah punika dipun sambêt sêsorahipun Dr. Goris, ing bab wontênig candhi-candhi ing Bali, punapadene pura-pura, dipun andharakên langkung panjang gambêlang. Wêdhar sabda punika ngantos dumugi jam gangsal sontên.

Ing dintênipun Rêbo tanggal 20 Oktobêr para tamu darmawisata dhatêng kitha Klungkung, mriksani gêdhong pangadilan, tilas Kraton Klungkung, Pura Bêsakih ingkang misuwur, lajêng dhatêng Karangasêm, mriksani bêksan legong, êndhe. Têtingalan wau sumbangan saking I Gusti Bagus Jêlantik, ing Karangasêm.

--- 1414 ---

Kawruh Sawatawis

Bab Siyam

Sambêtipun Kajawèn nomêr 89.

Na: wiwit siyam ing dintên Jumuwah ping 5 Nopèmbêr, riyadinipun ing dintên Sêtu ping 4 Dhesèmbêr. Dados namung siyam 29 dintên.

Ca: wiwit siyam ing dintên Kêmis ping 4 Nopèmbêr, lan bakda ing dintên Sêtu ping 4 Dhesèmbêr.

Sampun watawis kawan siyam punika, parentah ing nagari Surakarta, ambudidaya murih tapuking siyam punika, sagêd sarêng, ngantos mawi ngêdalakên wragad ingkang botên sakêdhik, ewadene mêksa dèrèng sagêd kasil brêng sadaya sami mupakat, wangsul namung para abdi dalêm thok ingkang purun miturut karampunganipun nagari, dene tumraping kawula dalêm têtiyang alit taksih pating srênthil. Malah sanadyan abdi dalêm pisan manawi dipun taliti, inggih taksih kathah ingkang anggêga pikajêngipun piyambak sarana lampah dhêdhêmitan.

Ing taun punika tuwuh pakêmpalaning para pangulu satanah Jawi lan Madura, ingkang ringkêsanipun kanamakakên P.P.D.P. sajakipun anggèning badhe angguyubakên prakawis punika wau, katingal kabudi sangêt, cobi sami dipun yêktosi, sagêd sinêmbadan punapa botên.

Wigatosing siyam ing dalêm kaislaman.

Mênggah wigatosipun nindakakên siyam punika, mênggah kajêngipun kaislaman, kenging riningkês prêlu ambangun ing bagas kasarasaning badan jasmani, jujuring tindak lair, luhuring bêbudèn, saha kawaskithaning raos kabatinan (kasunyatan) mênggah jerenganipun makatên:

Ha: Ambangun murih bagas kasarasaning tadanbadan. wadhag. Miturut pitêdahing para tongib Islam, tuwuhing sêsakit punika ingkang kathah saking tabêting têtêdhan, utawi ombèn-ombèn. Mila tiyang kaprayogèkakên, kala-kala ngothongi wêtêng, lajêng dipun isèni têtêdhan ingkang sarwa rêsik, saking sakêdhik, ingkang supados daya (sarining) têtêdhan enggal wau mahanani ing rêsiking êrah, daging, saha balung sungsum. Têmahanipun sagêd santun daya enggal ingkang rêsik. Mila têtiyang nindakakên siyam, buka, lan sauripun, kaangkaha ingkang kikrik, tur dipun kirangi saking adat. Sampun kok lajêng malah ngindhaki tadhahipun. Bêbasan nyaur mawi rèntên, saking anggèning botên nêdha sadintên muput. Yèn tumindak makatên, malah gampil kataman sêsakit.

Na: Ambangun nyaèkakên ing tindakipun lair. Ing salêbêting nglampahi siyam, solah bawa, lan muna-muninipun, dipun budidaya sangêt ingkang sarwa alus, jatmika, sarta mangangge sarwa prasaja. Sampun ngantos ngêdalakên ucap ingkang kasar, (mêmisuh) tuwin tindak maksiyat.

Ca: Ambangun murih luhuring bêbudèn. Gêsanging manungsa ing donya punika, anggadhahi watak (bêbudèn) trimurti. Inggih punika: 1. bêsato [bê...]

--- 1415 ---

[...sato] (kêbo sapi) ingkang pakarêmanipun namung nêdha, tilêm, lan sacumbana. Mila salêbêting siyam sadintên muput, nêbihana ing watak ingkang kados makatên wau, supados sagêd beda kalihan gêsanging sato. 2. Wataking setan (iblis) ingkang pakarêmanipun namung angênggèni ing watak drêngki, srèi, jubriya, kibir, gumêdhe, tukar pabên, ngôngsa-ôngsa, cêguk, tuwin sasaminipun. Mila tiyang nglampahi siyam, sagêda ngunjara (nêlukakên) ing hawa napsunipun, ingkang tansah ngajak ing budi ingkang kirang sae wau sarana lampah riyalat, ngluwèkakên wêtêng = ngirang-irangi têdha. 3. Wataking malaekat, inggih punika tansah mastuti ring dhawuhing Gusti, ènthèng asung pitulung, andhap asor, tuwin sapanunggilanipun. Dados kajênging nglampahi siyam punika, anyranani murih sagêdipun angangge ing watak kamalaekatanipun, nyirik ing watak kakhewanan, tuwin kasetananipun.

[Iklan]

Pangkat-pangkating têtiyang nglampahi siyam.

Awit andharan kasêbut ing nginggil wau, para têtiyang ingkang sami nindakakên siyam punika lajêng kenging kapangkat-pangkat dados tigang sap, kados ing ngandhap punika:

Ha: Siyamipun tiyang ngam (limrah) inggih punika namung saugi tilar nêdha, tilar ngombe, lan tilar sarêsmi, sadintên muput, sampun gadhah panganggêp sampun sah siyamipun. Inggih kados makatên punika wujudipun tiyang siyam ingkang cinôndra dening hadis nabi makatên: pirang-pirang wong kang puwasa, pakolèhe amung ngêlak,lan luwe thok, (tanpa ngundhuh paedah babarpisan).

Badhe kasambêtan,

Ihsanudin, Pacitan.

--- 1416 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Tiongkok

Loking ngakathah miturut pawartos, pêrangipun barisan Tiongkok tansah kêsêsêr. Nanging ugi wontên wartos bilih campuhipun ing paprangan inggih taksih rame. Ingkang pinanggih ing pabarisan sisih lèr, wadya Tiongkok ing Pinghan sampun sagêd nyabrang lèpèn Cang tuwin sagêd malêbêt ing Hopèi, sadèrèngipun malêbêt ngriku sampun campuh rumiyin kalihan wadya Jêpan. Salajêngipun wadya Tiongkok têrus nanggulangi wadya Jêpan ingkang golonganipun kantun botên sapintêna. Dados pinanggihipun kala punika wadya Tiongkok sagêd ngundurakên wadya Jêpan ingkang ing ngajêng sampun sagêd ngangsêg dhatêng laladan Tiongkok.

Unduripun wadya Jêpan ing ngriku punika, pinanggihipun lajêng mêdhotakên pabarisanipun ing Suntèhpu, saha pabarisan wau lajêng ambyar botên kantên-kantênan, wontên ing dhusun-dhusun, sami tilar pêpêjah kathah.

Wadya Jêpan ingkang kêsêsêr ing prang lajêng sami tata-tata mulihakên kêkiyatan, botên dangu sagêd wangsul nêmpuh malih, nanging wadya Tiongkok pinanggih saya mapan, ewadene dipun têmpuh purun, saha kêpêksa damêl piyaking baris. Wadya Tiongkok ingkang tinêmpuh ing mêngsah wau lajêng pating slêbar, sami mapan baris wontên ing papan ing parêdèn, ingkang pinanggih langkung mikantuki kangge nanggulangi mêngsah. Salajêngipun sarêng wadya Tiongkok angsal bêbantu, lajêng ngayati nêmpuh malih. Dados pinanggihipun paprangan ing ngriku nama taksih tandhing.

Dene ingkang pinanggih ing sisih kidul inggih taksih rame, nanging manawi mirid kawontênan, wadya Jêpan kenging dipun wastani sampun sagêd ngêbroki ing papan-papan ingkang wigatos, inggih punika wontên sauruting lèpèn Suko. Sarêng wadya Jêpan pinanggih mapan wontên ing ngriku, wadya Tiongkok lajêng ngangsêg nêmpuh, ingkang wêkasan sagêd nyuda kasantosanipun pabarisan Jêpan. Namung pabarisan Jêpan ing Lukiace ingkang dèrèng ebah, amargi langkung santosa tinimbang wadya Tiongkok, mila wadya Tiongkok botên sagêd ngrosani panêmpuhipun.

Ing papan ngriku punika pancèn dados kalangan pêrang ingkang sakalangkung rame, campuhipun gêntos asor gêntos unggul, sadaya sami manggih karisakan. Nanging pêrangipun tansah lajêng tuwin tansah sami andhatêngakên bêbantu, ingkang saya adamêl ramening paprangan.

Jêpan tansah ngudi pados margi sagêdipun saya ngangsêg, sampun botên mawang baya pakèwêd, malah Jêpan gadhah sêdya badhe nêmpuh papan-panan ing pêpasir saking kapal pêrang, inggih punika ing urutipun pasisir Pukin, ing ngriku sampun dipun barisi kapal pêrang 43. Ing bab punika tumrap Tiongkok nyamarakên dhatêng kitha palabuhan ing Puko, Amoi tuwin Sato.

--- 1417 ---

Wara-wara

[Grafik]

Ngaturi uninga, tumrap para lêngganan Kajawèn ambayar rêgining Kajawèn ing wulan Januari 1938 kangge sakwartal, tuwin lêngganan enggal ingkang ambayar makatên, badhe dipun aturi bêbingah gambar Prabu Èrlangga 1 tuwin gambar Prabu Hayam Wuruk 1. Gambar wau agêng mawi cèt sakalangkung sae, kados ingkang kacêtha punika.

Administrasi

Ing salêbêtipun paprangan punika, tumrap nagari ingkang kêtênggêl, panggaotanipun kenging dipun wastani kandhêg babarpisan, dening rintên dalu namung ura-uru, karisakan saênggèn-ênggèn, gêdhong-gêdhong ambalasah rêmuk amor siti. Tumrap ingkang botên kêtênggêl inggih sami giris, botên kobêr ngudi tataning panggêsangan. Nanging dangu-dangu sarêng sampun ragi mapan, parentah manggalih murih lampahing panggaotan sampun ngantos kandhêg, salajêngipun ing laladan Syang Hai kalampahan wontên pabrik 30 sampun sagêd tumindak ing damêl malih. Pabrik-pabrik wau ingkang agêng bangsaning pabrik badhe, sutra tuwin sigarèt, lajêng sagêd suka padamêlan dhatêng tiyang pintên-pintên dasa èwu. Kapitunan ingkang tuwuh saking karisakan griya-griya kintên-kintên 20 yuta yuwan.

Ing sapunika wontên gêgayutanipun Jêpan kalihan Inggris ingkang wontên raosipun botên sakeca, inggih lêrês tumrapipun Jêpan punika mêmêngsahan kalihan Tiongkok, nanging ugi wontên raosipun mêmêngsahan kalihan Inggris, awit Inggris kenging panggrayangan ambiyantu dhatêng Tiongkok, tandhanipun tansah kintun dêdamêl dhatêng Tiongkok. Kajawi punika ugi nyukani sambutan arta 20 yuta yèn, ingkang kadèkèk wontên ing pêkên arta ing Syang Hai, kanthi wawasanipun Inggris.

Sayêktosipun pancèn sampun dangu, Jêpan tansah mawas dhatêng tindakipun Inggris, mila ing bab tindakipun Inggris ingkang makatên punika malah kenging lajêng kangge garan panyêrêgipun Jêpan dhatêng Inggris. Pangangkahipun Jêpan, botên sanès supados Inggris icala dayanipun samôngsa wontên parêpatan ingkang gêgayutan kalihan prakawis ingkang ngengingi paprangan Jêpan kalihan Tiongkok.

Nanging punapa pangangkahipun Jêpan ingkang sèlèhipun angengingi babagan punika, tansah dipun wawas dening nagari sanès, kanthi wêweka sampun ngantos Jêpan gadhah tindak anggutuk lor kêna kidul. Malah ugi anjawil dhatêng Inggris supados tansah nindakakên kaprayitnan.

--- 1418 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Kawontênan ing Purwakêrta

Garèng : Ora, Truk, jarene nalika kowe nyang Kêbumèn, nganggo mampir nyang Purwakêrta barang. Apa iya, Truk, yèn iya, aku tak takon, andak iya jarene Purwakêrta kuwi saikine maju bangêt.

Petruk : Wah, mula iya nyata, Kang Garèng. Nanging iya mèmpêr, ta, yèn Purwakêrta kuwi banjur maju mêngkono, sabab saikine Purwakêrta kuwi dadi kutha karajan, papan padunungane rêsidhèn. Kawuwuhan kabupatèn ing Banyumas disuwak, lan didadèkake siji karo Purwakêrta. Iki atêgês: ing Purwakêrta didalêmi: rêsidhèn, iki muwuhi jiwa sing ora sathithik, Kang Garèng, sabab lumrahe rêsidhèn kuwi akèh... èmbèl-èmbèlane.

Garèng : Wayah, wong kathik le sêmbrana mêngkono, kangjêng rêsidhèn têka diunèkake akèh èmbèl-èmbèlane.

Petruk : Lho, aja kaliru tômpa, Kang Garèng, wis jamak lumrah anggêr bôngsa luhur iya akèh èmbèl-èmbèlane. Apa manèh bangsane kangjêng rêsidhèn, èmbèl-èmbèlane iya mêsthi sasayahiranèki, kaya ta: bangsaning komis, klèrêk, juru tulis, êlêp sêtripêr, opas, lan êmbuh apa manèh, apa iki ora muwuhi cacah jiwa...

Garèng : Iya bênêr, mung bae ambok aja diunèkake: èmbèl-èmbèl, sêtun-sêtun rak iya: pandhèrèk.

Petruk : Salah, Kang Garèng, yèn diunèkake: pêndhèrèk, sing bênêr iya: èmbèl-èmbèl mau. Kaya ta upamane: èmbèl-èmbèling bakul saoto kuwi: angkring, kuwali, mangkok, lan sapadhane, apa iki kabèh kêna diunèkake: pandhèrèke bakul saoto, rak iya ora, ta. Mêngkono uga pangkat-pangkat: komis, klèrêk, juru tulis, êlêp sêkripêr, lan sapiturute, kuwi mula nyata èmbèl-èmbèling pangkat rêsidhèn, dudu pêndhèrèking rêsidhèn. Hla nèk pangkat-pangkat mau jênêng pêndhèrèk, tênèh iya padha andhèrèk, saupama kangjêng rêsidhèn tindak... kamarbolah arêp ngasta brij upamane.

Garèng : Wèh, hla wong sêmbrana, ana kok banjur mrono parane. Dadi karêpmu, sing koarani: èmbèl-èmbèl kuwi mau, kêkanthi, ta. Dadi pangkat-pangkat: komis, klèrêk, lan sapiturute, kuwi kêkanthine pangkat rêsidhèn. Iya wis, aku sing salah panômpa mau.

--- 1419 ---

Petruk : Mulane yèn ana wong omong kuwi, aja guru-guru arêp andhebat, dirasakake dhisik, Kang Garèng, mara, dening anane rêsidhèn kuwi mau, cacah jiwane ing Purwakêrta rak banjur tambah, tur sathekruk. Banjur kawuwuhan, Banyumas didadèkake siji karo Purwakêrta, kathik sing kanggo padalêmane ingkang bupati kuwi dudu Banyumas, nanging Purwakêrta, iki têmtune sathithik-sathithik iya ana èmbèl-èmbèlane manèh, kang uga jênêng muwuhi cacah jiwane ing Purwakêrta manèh. Hla, wuwuhing cacah jiwa kuwi mau, ing sarèhne wong anyar sing pindhah nyang Purwakêrta kuwi pangkate sênenjong godhog, têgêse rupa-rupa, ana juru tulise, klèrêke, komise, bokmanawa malah ana: up kêmise utawa sukêtarise, dadi sing pindhah nyang Purwakêrta mau iya ora mung priyayi Jawa bae, nanging iya priyayi Walônda barang.

[Grafik]

Garèng : Malah kiraku ora mung samono bae, Truk, nèk-nèke iya ana bae sing kayadene kêna ing... jaran guyang, dening rêjane Purwakêrta, banjur padha mèlu kêpencut sarta nuli mèlu-mèlu pindhah nyang Purwakêrta, kaya ta: tuwan-tuwan toko, iya toko bôngsa Eropah apadene toko bôngsa Tionghwa.

Petruk : Pambatangmu kuwi mula iya bênêr bangêt, Kang Garèng, nalikane aku mêlancong-mêlancong mubêng ing kutha Purwakêrta, mula iya akèh omah-omah anyar padha pating jênggunuk, pating prongkal....

Garèng : Wayah, apa iris-irisan gêthuk, kathik diunèkake pating prongkal. Sêtun-sêtun rak iya pating jênggunuk, pating pêthuthuk.

Petruk : Hara, andhebat manèh. Aku rak ngandhakake prakara omah-omah anyar. Nèk omah-omah anyar iki wis gênah dadi, iya mèmpêr, ta, yèn diunèkake: pating jênggunuk, pating pêthuthuk, awit mula wis wujud omah. Balik sing dadi utawa rampung kuwi lagi pêndhêmane, utawa temboke nanging lagi sêparo, apa iya ora luwih mathuk diunèkake: pating prongkal. Mulane ambok aja guru madoni dhisik, yèn pikirane mula durung nyandhak. Wis, wis, rungokna, tak banjurne dêdongenganaku. [dê...]

--- 1420 ---

[...dongenganaku.] Cêkak aos, majune Purwakêrta, sanadyan mung ditongton sacleretan, wis cêtha wela-wela, yaiku katitik saka akèh omah anyar kang wus padha dadi, lan kang isih lagi padha digarap, Kang Garèng. Luwih manèh sêmune mas krisis wis gêmprit, dadi rupane wis akèh dhuwit manèh, mulane iya saya akèh sing padha yasa omah. Malah jarene ing kono arêp diyasani dalêm rêsidhenan sing anjênggarang têmênan, Kang Garèng, ongkose wis disadhiyani sêwidak èwu rupiyah, Kang Garèng.

Garèng : Wadhuh, aku kok iya sênêng ngrungu caritamu nagara arêp yasa dalêm karesidhenan sarana ongkos sawidak èwu rupiyah iki, sabab iki nandhakake nagara wis banyak uwang manah,manèh. nganti ambuwang waragad samono kèhe: ora gigrik, sèh. Môngka nèk dipikir kaya-kaya dalêm asistenan rêsidhèn sing wis ana saiki kiyi, wis: anjênggarang, angganthêng, sêmruwêng, ngêngrêng, sêmangêr, kathik... moblong-moblong.

Petruk : Wayah, le ora mèmpêr, ana omah têka diunèkake: moblong-moblong. Ora, Kang Garèng, mula iya bênêr unimu kuwi, dalêm asistenan rêsidhèn ing Purwakêrta pancèn iya wis brêgas, ngêngrêng, lan sêmangêr, nanging rak tumrape pangkat: asistèn rêsidhèn, pangkat rêsidhèn kuwi luwih dhuwur lan luwih luhur manèh. Nèk banjur dêdalêm ana ing dalêm ngasistenan, kurang mungguhe, kurang sêmangêre, lan kurang wêrite, Kang Garèng. Karo mahèh tumrape wong kang ora wêruh, mêngko rak bisa diarani: padha mawon, iki nyuda kaluhurane pangkat rêsidhèn, Kang Garèng. Kajaba iku, nagara yasa dalêm sing gêdhêm kaya ngono kuwi, rak akèh gunane, ya kuwi: para tukang batu, tukang kayu, kuli-kuli, rak akèh sing padha olèh pangan, kang angundhaki rêjaning kutha, Kang Garèng.

Garèng : Wèh, Truk, nèk tak pikir-pikir nagara kuwi kok bisa kanthi dadakan, agawe rêja utawa agawe sêpining kutha. Kaya ta ing kutha Purwakêrta iki bae, sapa nyana lan sapa ngira, yèn sajêrone sawatara taun bae, bisa samono rame lan raharjane, kosokbaline, mara dêlêngên kaanane kutha-kutha kayadene: Banyumas, Gombong, Karanganyar, Kuthaarja, lan sapadhane, iki kabèh, saka mundure, wong mrono, ora kêna diunèkake: arêp plêsir nyang Kuthaarja, Banyumas, lan sapadhane, nanging arêp... layat.

Petruk : Yah, ambok aja siya-siya ta Kang Garèng. Nanging mula iya nyata, nèk dipandhing karo sawatara taun kang kapungkur, kutha papat mau mula iya beda bangêt karo kaanane ing saiki, saora-orane ing Banyumas, Karanganyar, lan Kuthaarja, kuwi biyène kabupatèn, saikine mung kawêdanan bae, iya wis mêsthi bae yèn mundure bangêt. Mêngkono uga ing Gombong, dhèk biyèn pancèn iya rada rame, saiki dadi sêpi, kuwi sabab militère dijabêl, Kang Garèng.

--- 1421 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Kalawarti enggal. Ing Surabaya wontên kalawarti enggal nama Pênting ingkang sêdyanipun madêg piyambak, botên gêgayutan kalihan golongan punapa kemawon. Ingkang ngêmudhèni Tuwan W. Wondoamiseno. Isinipun babagan kawigatosanipun rakyat ing tanah ngriki, adhêdhasar Islam.

Sêsakit damêl tiwas ingkang agêng piyambak. Miturut katrangan, wontênipun sêsakit ing tanah ngriki ingkang damêl tiwas kathah piyambak, punika ingkang jalaran saking sakit T.B.C. petangipun wontên 135 pct, malaria wontên 5 pct, typhus 4 pct, ambêbucal rah-umbêl 3 pct. Dados ingkang agêng piyambak bêbayanipun punika T.B.C.

Arta ical ing Handelsbank Surabaya. Ing Handelsbank Surabaya mêntas kasumêrêpan wontên arta f 480.- dipun wadhahi ing amplop ical botên kantênan, arta wau dipun rimat dening hulpkassier tuwan Tan Sing Giauw, badhe kangge ambalanja punggawa ing ngriku. Kajawi punika wontên malih arta kathahipun f 10.010,88 ingkang dipun pasrahakên dhatêng kassier Tuwan-tuwan Lie Khing Tjo, Phoa Thian Sik tuwin Lo Liep Tjie ugi ical botên kantênan. Bab punika lajêng dados papriksan pulisi.

Kongsi kapal Nederland tuwin Rott. Lloyd. Jalaran saking kathahing momotan kopra tuwin sanès-sanèsipun ingkang kakintunakên dhatêng Eropa, mangka kêkirangan kapal, Kongsi Nederland tuwin Rott. Lloyd kêpêksa nyewa kapal Tjikandi, gadhahanipun J.C.J.L.

Tablèt kininê palsu. Pangagênging Pakaryan Kasarasan ing Bêtawi martosakên bilih kathah tiyang ing tanah ngriki nyade tablèt kininê palsu, ingkang botên wontên gunanipun punapa-punapa. Malah tumrap têtiyang ingkang nêdha jampi wau sagêd ambêbayani. Ingkang punika supados tiyang ngatos-atos, sampun ngantos tumbas jampi tablèt kininê sakenging-kengingipun. Miturut wartos, sampun wontên tiyang pintên-pintên ingkang nêmahi tiwas jalaran saking nêdha jampi kados makatên wau, inggih punika ing Kotaraja, Borneo, Jawi-Têngah tuwin laladan Padang. Dene jalaranipun kasumêrêpan bab wau, wontên tiyang siti ing Pathi kintun sêrat dhatêng pabrik kina ing Bandhung, nyariyosakên bilih anggènipun ngangge tablet kininê botên wontên dayanipun punapa-punapa. Sarêng bab punika dipun titipriksa, lajêng kasumêrêpan bilih wontên tablèt palsu ingkang sumêbar.

Barang tahanan ingkang agêng. Sampun sawatawis dangu ing Surakarta wontên salingkuhan barang-barang agêng. Ing salajêngipun barang wau gumantung ing pulisi, sawêg kapriksa prakawisipun. Dumuginipun sapunika, barang-barang ingkang kagantung ing pulisi wau ngantos rêrêgèn f 90.000.-. Barang wau wontên ingkang awarni dhuwung rêgi f 4000.-.

Gilingan pantun tiyang siti. Wontên wartos, O.L. Mij. Bumiputera sampun ngrampungi rêmbag badhe ngêdêgakên panggilingan pantun wontên laladan Banyumas, kanthi pawitan saking O.L. Mij. wau. Ing sadèrèngipun wontên ingkang katêtêpakên dados directeur, ingkang kasampiran padamêlan punika Tuwan Dwidjosewojo.

Dynamit ical. Sampun sawatawis dintên, kapal Tanimbar, gadhahanipun S.M. Nederland ambêkta dynamit gadhahanipun B.P.M. sapêthi, ingkang badhe kabêkta dhatêng Banjarmasin, ical. Ing kala punika dynamit wau dipun pindhah saking kapal Blinjoe, wusana lajêng ical tanpa lari. Salajêngipun bab punika lajêng dipun lapurakên dhatêng ingkang wajib.

[Iklan]

Pamêdal nagari. Ing wulan Sèptèmbêr taun punika pamêdal nagari wontên f 45.300.000.-. Kala wulan makatên ing taun kêpêngkêr namung wontên f 34.200.000.-. Dene gunggunging asil nagari salêbêtipun 9 wulan taun punika wontên f 376.600.000.-. Pêpetangan makatên ing taun kêpêngkêr wontên f 289.900.000.-. Indhaking pamêdal samantên punika saking kawêwahan lêbêting pajêg f 56.300.000.-. Kajawi punika inggih taksih wontên pamêdal sanès-sanèsipun malih.

R.R. Bandung badhe mranata babagan balanja. Regentschapsraad Bandung badhe ngawontênakên usul tatananing balanja. Tumrap punggawa ingkang asli wêdalan Mulo utawi ingkang dipun samèkakên, kenging kaangkat dados 1e Klerk. Tumrap commies ingkang wêdalan H.B.S. 5 taun utawi A.M.S. sagêd dados 1e commies. Golongan kalih punika sasampunipun nglampahi mindhak balanjanipun kalih rambahan ing salêbêtipun kalih taun, sagêd minggah pangkatipun.

Mêndêm gadhung. Ing satunggiling kampung ing Tulungagung, wontên tiyang gadhah pêrlu nyambat ngêdêgakên griya, têtiyang ingkang dipun sambat wontên 15. sarêng têtiyang wau sabibar nêdha sami mêndêm, ingkang dipun wastani mêndêm gadhung. Wontên tiyang 8 ingkang lajêng kêbêkta dhatêng griya sakit. Mênggah jalaranipun, têtiyang ingkang sami dipun sambat, nalika nêdha sami dipun sukani nêdha lawuhipun brêgêdèl kênthang dipun mori gadhung, jalaran saking kêlèntu.

Baita pulisi sampun kakintunakên dhatêng panggenanipun. Ing ngajêng sampun kawartosakên ing bab baita pulisi nama Bantam sampun kacobi. Ing sapunika baita wau sampun kakintunakên dhatêng panggenanipun. Baita pulisi kados makatên wau sapunika sampun ambabar kalih, satunggalipun nama Seroei. Baita wau satunggal kapapanakên ing Japên, Geelvinkbaal, satunggilipun wontên ing Hollandia, sami pasisiripun Nieuw-Guinea sisih lèr.

--- 1422 ---

Pabrik gêndhis ing Ngayogya ingkang giling. Ing taun punika pabrik gêndhis ing Bantul, ingkang misuwur sae, badhe katutup, dene tumrap pabrik Cebongan sagêd ugi badhe nanêm rosan tuwin giling malih. Tumrap pabrik Dêmak Ijo tuwin Rewulu ugi badhe katutup. Dene ing bab aandel-aandel badhe kagamblokakên dhatêng pabrik sanès.

Damêl balapêcah cangkir piring. Awit saking rêrigênipun Departement van Economische Zaken, sampun dangu nindakakên gêsanging padagangan bangsaning cangkir piring, ingkang sampun tumindak wontên ing Trênggalèk. Barang-barang wau kapetang sampun sae, saha sampun sumêbar. Ing sapunika ing Banjarnêgara ugi dipun wontênakên pamulangan babagan makatên, minangka cobèn-cobèn. Salajêngipun pabrik alit-alit bangsaning damêl barang punika ugi badhe dipun dêgakên ing Berjo, sacêlakipun Ngayogya, Klathèn, Krawang, Plèrèt, Depok tuwin ing Minangkabau. Barang-barang wau kaangkah sagêda sampun kasade wontên ing taun 1938, tuwin sagêda ngirangi dhatênging barang-barang saking sajawining praja.

Pangajêng kitha Surabaya. Ing ngajêng kawrat ing kêkancingan tanggal 11 Mèi 1935, kitha Grêsik kangge cobèn-cobèn kadadosakên pangajênging kitha laladan kabupatèn Surabaya. Ing sapunika wontên dhawuh kêkancingan wau sampun dipun suwak.

Ngindhaki epahan kuli. Ing ngaêng nate kawartosakên, parentah tansah ngudi murih epahaning kuli ing kabudidayan dipun indhaki. Ing bab punika ing sapunika sampun kalampahan, wiwit tanggal 1 wulan punika, kabudidayan-kabudidayan gêndhis sampun sami ngindhaki epahan. Tumrap kuli ingkang botên wêdalan sêkolahan, ingkang rumiyin balanja 20 sèn sadintên, sapunika mindhak dados 25 sèn. Tukang-tukang ingkang balanja 50 sèn, angsal indhakan 5 sèn, dene tumrap tukang ingkang angsal epahan 50 dumugi f 1.- angsal indhakan 10 sèn.

Damêl plaat garamofoon ing tanah Mêlayu. Dr. Karl Halusa, conservator babagan musicologie ing Bataviaansch Genootschap ingkang gêgayutan kagunan tuwin kawruh, sampun kêlampahan damêl plaat gramofoon wontên ing Rampah, satunggiling kampung ing antawising Tarutung tuwin Sibolga. Wontênipun ingriku nglêmpakakên para ahli têtabuhan, punapadene têtiyang jalêr èstri ingkang sami nêmbang pêrlu badhe kapêndhêt gêndhingipun. Ingriku mêndhêt lêlagon sêmbahyang, lagu panglipur, lagu têtiyang kêsripahan, lagu tiyang prihatos dipun tilar ing guru laki tuwin lagu sanès-sanèsipun.

Barang wêdalan tanah ngriki botên malêbêt dhatêng Jêpan. Ing wêkdal punika barang-barang wêdalan saking tanah ngriki ingkang malêbêt dhatêng Jêpan saya suda, dene jalaranipun saking Jêpan botên purun tumbas. Kajawi tanah ngriki, tumrap nagari sanès-sanèsipun ugi pinanggih makatên.

Kadhêndha babagan loonbelasting. Tuwan W. sudagar bathik ing Singosarèn, Surakarta, katêtêpakên ambayar loonbelasting dalah dhêndhanipun gunggung f 2748.30, amargi nalika dipun titipriksa dening punggawa loonbelasting, pinanggih wontên pambayaran ing taun 1936 dumugi wulan Sèptèmbêr 1937 botên salêrêsipun.

Kursus têmbang. Ing salêbêtipun wulan Sèptèmbêr tuwin Oktobêr kêpêngkêr, ing Kusumayudan kawontênakên pandadaran bab têmbang. Têmbang ingkang sampun kawulangakên wontên 178 warni. Murid ingkang lulus wontên 12. Benjing wulan Sawal sawêg miwiti malih.

Jakat dalêm nata ing Surakarta. Kados ingkang sampun tumindak adat sabên, nata ing Surakarta sampun aparing jakat awarni bokor kêncana, ingkang lajêng kapundhut wangsul dipun lintoni arta f 2000.-. Bokor wau kabêkta ing abdi dalêm anggandhèk kaparingakên dhatêng panguludalêm.

Ratu adil ing Amuntai. Ing ngajêng sampun nate kawartosakên ing bab wontêning orêg-orêgan ing Amuntai. Ing bab punika parentah sampun miji Tuwan Gobee adviseur Inlandsche Zaken nitipriksa dhatêng kawontênanipun panggenan wau. Pinanggih ing papriksan, babagan wau botên nyamari. Adêging ura-uru wau namung kadosdene caraning ratu adil, botên niyat badhe ngayoni dhatêng parentah, saha tumularipun namung wontên ing panggenan ngriku kemawon. Pangajêngipun nama Amid, satunggiling tiyang ingkang botên pangajaran, botên gadhah sêdya ngapusi utawi kangge pados arta.

Kaundur. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Wetan, M. Woelangsoepeno, asistèn wêdana paresidenan Bojonêgoro, kakèndêlan, jalaran saking botên lêrês anggèning nindakakên wajib. Kèndêlipun wau ngêntosi katrangan, kanthi urmat punapa botên.

Pakêmpalan ingkang kasamarakên. Wêdana ing Arjawinangun tuwin commissaris politie sawatawis mêntas gledhah dhatêng dhusun Suramênggala, jalaran wontên wartos bilih ingriku wontên pakêmpalan nama Burung Garuda, ingkang sêdyanipun badhe tumindhak kadurjanan. Panggledhahipun wau angsal damêl, manggihakên barang-barang ingkang kenging kangge bukti.

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Têngah, Anoewar, tijd. wd. Aib. ingkang kabantokakên dhatêng wêdana Cilacap, kabupatèn tuwin paresidhenan Banyumas, R. Soetedjo Nario Adiredjo, tijd. wd. Aib. Ingkang kabantokakên dhatêng wêdana Batang, kabupatèn tuwin paresidhenan Pêkalongan, Mandjoni, tijd. wd. Aib. ingkang kabantokakên dhatêng wêdana ing Wiradesa, kabupatèn tuwin paresidhenan Pêkalongan, Darnawi, tijd. wd. Aib, ingkang kabantokakên dhatêng patih ing Rêmbang ingkang ngrangkêp wêdana Waru, kabupatèn Rêmbang, paresidhenan Japara-Rêmbang, Ngajadi, tijd. wd. Aib. ingkang kabantokakên dhatêng wêdana ing Sidarêja, kabupatèn Cilacap, paresidhenan Banyumas, tuwin M. Moestadjab, tijd. wd. Aib. ingkang kabantokakên dhatêng wêdana Wêlèri, kabupatèn Kêndhal, paresidhenan Sêmarang, sami kaangkat nindakakên padamêlan mantri pulisi ing paresidhenan Sêmarang.

NAGARI WALANDI

Prins Bernhard paring dêrma. Kawartosakên, Prins Bernhard aparing dêrma kathah dhatêng fonds pambela praja tumrap panêmpuh saking gêgana; gêgayutan kalihan wontêning dêrma wau anjalari kathah para neneman Walandi ingkang sami sinau dados juru anggêgana partikêlir.

EROPA

Supêkêtan tigang nagari. Miturut wartos, ing bab prajanjian botên nayogyani dhatêng wontênipun golongan communist, sampun dipun sayogyani dening Italie, Jêrman tuwin Jêpan, saha sampun dipun tandhatangani wontên ing Rome.

Bêna agêng. Dèrèng dangu ing Damaskus laladan iring wetan wontên bêna sakalangkung agêng, kintên-kintên wontên tiyang 50.000 sami kecalan balegriya. Griya-griya sauruting margi antawising Damaskus kalihan Aleppo têlas katrajang toya. Ing Detrastiye wontên tiyang 500 ical, kitha Mouddamiye sirna. Ingriku wontên tiyang kirang langkung 200 pêjah kêblabak. Parentah lajêng tumindak têtulung sapêrlunipun.

ASIA

Kawontênan ing Palestina taksih ruwêt. Gêgayutanipun golongan Arab kalihan Yahudi, dumugi sapunika dèrèng pinanggih rukun. Ing ngrika-ngriki taksih pinanggih pasulayan rame, kathah ingkang nêmahi tiwas. Miturut wartos Moefti Agoeng ing Baital Mukadis, ing sapunika sampun botên wontên ing Syria, sampun wontên ing Lybanon. Parentah ingriku suka palilah kenging manggèn ing satêpining sêgantên.

--- 1423 ---

Wêwaosan

III. Lêlampahanipun Ilya.

24

2. Griya padununganipun Solowe.

Pambêngan kalih warni ingkang anjalari pêjahing margi ingkang anjog dhatêng Kiyèf, ing samangke sampun sagêd kasingkirakên dening Ilya. Salajêngipun, Ilya nêdya ambengkas pambêngan ingkang ôngka tiga, inggih punika ingkang awujud: griya padununganipun Solowe. Mênggah griya punika dipun êdêgakên wontên ing sanginggilipun wit kawak agêng cacahipun pitu. Panjanging griya punika kirang langkung kawan pal, ngantos tiyang ingkang ngadêg wontên ing pojok satunggalipun, botên sagêd sumêrêp pungkasaning pojok sanèsipun. Mênggah kawontênanipun griya padununganipun Solowe wau, sadaya sarwa santosa lan kiyat, kathah mênaranipun ingkang payonipun sami lancip-lancip, sadaya kajêng mawi kaukir-ukir. Lumêbêtipun ing griya ngriku mawi undhak-undhakan inggil mawi cêpêngan ingkang rinêngga-rêngga ing saka, ingkang nginggilipun katancêban sirahing tiyang, inggih punika sirahing satriya utawi prajurit ingkang pinêjahan dening Solowe. Awit sampun dados pakulinanipun Solowe, mêngsah ingkang kawon juritipun, lajêng katigas sirahipun ingkang lajêng kangge rêrêngganing griyanipun. Miturut cacahing sirah tiyang ingkang katancêb-tancêbakên ing saka, Ilya sagêd sumêrêp, bilih sadèrèngipun Ilya dhatêng ing ngriku, sampun kathah para satriya tuwin prajurit ingkang sami nglurug mriku, nêdya angluwari praja Ruslan saking begal sêkti wau, nanging botên wontên satunggal-satunggala ingkang sagêd ananggulangi mênggahing kadibyanipun Solowe wau, sadaya sami dhawah ing tiwas. Sarêng Ilya anyumêrêpi kathahing cumplung tiyang ingkang katancêb-tancêbakên ing saka wau, sanalika punika ing manahipun tuwuh raos ingkang salaminipun dèrèng nate angraosakên, inggih punika raos sêngit lan nêpsu sangêt dhatêng rêrêgêding donya, ingkang sampun adamêl pêjahipun para neneman ingkang samantên kathahipun wau, tuwin botên pisan-pisan anggadhahi wêlas utawi angajèni dhatêng mêngsah ingkang sampun dhawah ing tiwas, inggih jalaran saking anggènipun anancêb-nancêbakên sirahing mêngsah ingkang sampun kawon wau, kadosdene badhe ngerang-erang dhatêng sawênèhing tiyang ingkang nêdya ananggulangi dhatêng piyambakipun. Langkung malih ingkang adamêl nêpsunipun Ilya, jalaran pandamêlipun ingkang makatên wau, prasaksat Solowe wau anganggêp sirahing tiyang botên beda kalihan têtêdhan pêksi kemawon. Sakala punika Ilya anggadhahi kêpengin nigas gulunipun Solowe, nanging kêpenginipun ingkang makatên wau dipun pênggak. Awit mênggahing gagasanipun, kados langkung sae Solowe kabêkta dhatêng Kiyèf, kasowanakên dhatêng Prabu Wladhimir. Lan mênggahing paukumanipun tiyang ingkang samantên dosanipun wau kasumanggakakên kemawon dhatêng sang nata ing Ruslan.

Dene ingkang manggèn wontên ing griya ngriku, semahipun Solowe, satunggiling wanita ingkang endah ing warni nama: Akulinah, kalihan anakipun èstri tiga, nama: Newiyah, Nènilah tuwin Pèlkah. Kajawi punika ingkang tumut dêdunung wontên ing ngriku anakipun jalêr cacahipun nêm. Ing kala punika anakipun èstri tiga pisan sami lêlinggihan wontên ing kamar ing manara, kalihan anêningali mêdal jandhela dhatêng ing jawi, nginguk-inguki wangsuling bapakipun, manawi ambêkta barang jarahan, dumadakan lare èstri têtiga wau sumêrêp Ilya, sanalika punika lajêng cêluk-cêluk dhatêng ibunipun makatên:

Ibu, môngga kula aturi tumuntên tindak mriki, kapriksanana ingkang cêtha: saking katêbihan punika kados rama Solowe nitih kapal rawuh mriki. Lan ing sônggawêdhinipun anyèrèt tiyang ingkang dipun sungsang.

Ibunipun enggal-enggal nyêlak mriku, anganglungakên sirahipun wontên ing jandhela, sarta aningali ing margi anyawang dhatêng tiyang numpak kapal ingkang sawêg dhatêng punika. Sarêng sumêrêp wujuding tiyang ingkang numpak kapal, sanalika lajêng anjêlih sasoranipun. Luhipun tumarocos ing pipi, lan aru-ara cariyos dhatêng anakipun makatên:

O, anak-anakku, têka bodho têmên kowe kuwi. Kang têka nunggang jaran kae, uwong mônca kang anyèrèt bapakmu minôngka dadi tawanane. Iya bapakmu sing disungsang gandhul-gandhul ana ing sônggawêdhi kae, mulane lawang wêsi kae enggal-enggal tumuli bukakên, palange wêsi tibakna ing êndhase wong kae sing nganti pêcah, lan luwarana bapakmu.

Lare èstri têtiga wau enggal-enggal lumajêng nêdya mituruti punapa pakèning ibunipun, dene ingkang lumampah wontên ing ngajêng: Pèlkah. Inggih Pèlkah punika ingkang ambikak kori, nyandhak palang, ingkang badhe kadhawahakên ing sirahipun Ilya. Nanging Ilya tansah prayitna, saha inggih lajêng sumêrêp mênggah ingkang dados sêdyanipun lare èstri wau. Amila lising kapal lajêng kasêngkrèk, kapal mancolot mundur, ingkang anjalari panggêbagipun Pèlkah lêpat lan palangipun ucul saking tanganipun saha dhawah ing siti. Salajêngipun Pèlkah nuntên kajorogakên ingkang lajêng dhawah krengkangan. Ing samangke sadhèrèkipun èstri ingkang kalih enggal-enggal badhe ngrubut dhatêng Ilya, nanging sarana suwara ingkang sora, Solowe egal-enggal ngemutakên dhatêng anak-anakipun, makatên:

--- 1424 ---

He, anak-anakku wadon kowe têtêlune têka bodho têmên. Kêpriye anggonmu bisa arêp matèni satriya iki mung sarana pala wêsi bae, lagine tak gêrêngi, tak kêrik bae, ora tumama. Bêcik kêtêmua ibumu, lan kôndhaa, supaya ngaturana apa-apa nyang satriya kiyi. Kajaba iku supaya ibumu nêbus aku saka tawanan iki, murih aku aja nganti olèh paukuman kang ora wurung mêsthi abot bangêt.

Semahipun Solowe sarêng mirêng parentahing lakinipun ingkang makatên punika, enggal-enggal piyambakipun lajêng lumêbêt ing papan patilêmanipun anak-anakipun jalêr ingkang kala punika sawêg sami tilêm. Anak-anakipun wau lajêng sami dipun gugah, saha dipun cariyosi makatên:

He, anak-anakku lanang, enggal-enggal padha tangia. Wêruha yèn saiki ana bêbênduning Pangeran kang gêdhe bangêt, yaiku: bapakmu saiki ditawan dening sawijining wong tani, ditlikung lan digandhulake ana sônggawêdhining jaran tunggangane. Yèn bapakmu ora enggal-enggal ditêbus, ora wurung bapakmu mêsthi dipatèni dening wong kae, lan sabanjure kowe kabèh mêsthi padha tanpa bapa. Jalaran saka iku, kunci êmas iki tampanana, sarta bukakên gudhang panyimpênan rajabrana kae, lan anjupuka mas picis donya brana sakuwatmu, kang tumuli gawanên ana ing ngarêpku.

Nanging anak-anakipun jalêr wau botên purun mituruti punapa parentahing biyungipun. Lare nêm punika sanalika ngriku lajêng sami malih dados pêksi gagak acucuk waja, sami mabur mêdal ing jêndhela, nuju dhatêng ing papanipun Ilya, pêksi nêm wau botên dangu lajêng anêmpuh dhatêng Ilya, sêdyanipun sarana cucukipun waja badhe nothol mripating satriya ingkang nawan bapakipun wau, nanging sakala punika Ilya nyandhak cêmêthinipun sutra saha kagêbagakên dhatêng pêksi gagak nêm ingkang sami nêmpuh ing piyambakipun. Dhawahing cêmêthi angèngini suwiwining pêksi nêm pisan, ngantos sami putung sadaya, wusananipun pêksi sadaya wau lajêng sami dhawah ing siti botên èngêt ing purwa duksinanipun.

Sarêng ibunipun sumêrêp kawontênanipun anak-anakipun jalêr makatên wau, sarana ngajak anakipun èstri kalih, piyambakipun enggal-enggal lajêng lumajêng dhatêng ing gudhang papan panyimpênipun rajabrana, saha lajêng wangsul ing sangajêngipun Ilya kanthi ambêkta kanthongan pintên-pintên ingkang isi mas picis donya brana, salajêngipun nuntên sumungkêm wontên ing sangajêngipun Ilya, ngambung sukunipun, sarta sarana ngrintih suwaranipun awicantên dhatêng Ilya makatên:

Dhuh, satriya, mugi krêsaa paring wêlas dhatêng kula sadaya. Môngga kula aturi nampèni sakathahing mas picis donya brana, anggèning kêklêmpak semah kula laminipun tigang dasa taun. Nanging panuwun kula, mugi krêsaa ngluwari semah kula punika, sampun ngantos semah kula kakabêktakêbêkta. dhatêng Kiyèf, awit wontên ing ngrika botên sande piyambakipun têmtu lajêng dipun kisas. Manawi panjênêngan galih rajabrana punika kirang kathah, panjênêngan mundhuta malih. Panjênêngan kenging dêdalêm wontên ing ngriki sarta anguwaosi sadaya isinipun ngriki sadaya punika, kula sadaya narimah dados abdi panjênêngan. Namung Solowe mugi enggal kaluwarana.

Nanging Ilya sêmunipun botên gigrig dhatêng panangisipun Akulinah, semahipun Solowe wau, sarta lajêng amangsuli makatên:

Mas picis donyabrana kang kowènèhake aku iki, aku êmoh nômpa, awit barang kabèh iki olèhe saka anggone ambegal lan mêmatèni. Aku ora bakal wêlas marang kowe, anak-anakmu, apadene bojomu Si Solowe, awit uga Solowe dhewe ora tau wêlas marang sakèhing priya kang padha dipatèni, kang anjalari akèhing rôndha apa dene bocah lola. Anggone Solowe anduwèni ambêg siya, mêmatèni wong kang ora dosa, kuwi lawase wis ana têlung puluh taun. Wusanane banjur jubriya, ngira yèn lakune kang ala mau ora bakal nômpa ukumane. Solowe saikine arêp tak gawa nyang Kiyèf, tak aturake marang Sang Prabu Wladhimir. Pancène kowe kabèh iki, wajibe kudu diukum pati, awit uripmu kuwi salawase saka olèh-olèhane anggone ambegal mêmatèni. Malah mau bae, kowe kabèh wis nyoba arêp matèni aku, nanging kowe kabèh arêp tak ngapura, sarta tak lilani dêdunung têrus ana ing kene. Yèn kowe duwe sêdya nêbus dosamu, mas picis donya brana saka colongan iki, momotên ana ing grobag, sarta banjur aturna nyang Sang Prabu Wladhimir. Nanging aku mêsthèkake yèn kowe ora bakal gêlêm anglakoni, sabab dhêmênmu nyang kadonyan kaliwat saka mêsthi.

Badhe kasambêtan.

Sêrat-sêrat (buku-buku) ingkang katampi dening Bale Pustaka

1. Kawruh Umur Panjang

Zak-formaat, kandêlipun 9 kaca, aksara Jawi rêgi f 0.25, ingkang sade Boekhandel Diwarna, Kota Gêdhe Ngayogyakarta, mratelakakên dintên utawi jaman ingkang prayogi kangge andhawahakên wiji, angsaripun, umuring turunipun sagêd panjang.

2. Jawi Kina dening Sindu Pranata

Bale Pustaka mêntas tampi sêrat kasêbut nginggil formaat 8° kandêlipun 26 kaca, aksara Latin rêgi f 0.25, kaêcap ing Drukkerij H.G. Molia Bojanagara.

Mênggah isinipun, nêgêsi nama-namanipun ringgit, kaulur-ulur kacocogakên kalihan wêwatakanipun, utawi kalihan sêsipatanipun, ngantos cocog, dados nama kêplok kalihan pratelaning isi ingkang kapacak ing samak ngajêng, ingkang mungêl: isi larasan: Gathutkaca, Pandhawa, Ajisaka.

--- 173 ---

Nomêr 44, taun II.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru priksa: Rr. Siti Mariyam. Kawêdalakên sabên Rêbo.

Dèwi Kunthi

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 88

Sang dèwi botên kêndhat anggèning anggulawênthah saha pamardining putra dhatêng kaluhuraning budi. Manawi sakintên sariranipun botên kaconggah, ingkang putra kapuruhitakakên para sagêd, langkung malih dhatêng ingkang eyang piyambak dhatêng pratapan Wukir Rêtawu, Sang Bagawan Abyasa, raja pandhita ingkang mumpuni guna pangawikan, mungkul ing kautamèn.

[Grafik]

Nyi Darmaprawira

Ing salaminipun praja Ngastina kaasta Maha Prabu Dhêstharata dumugi Prabu Suyudana, para Pandhawa wiwit lare dumugi adiwasa dèrèng ngraosakên sakeca, tansah nandhang papa cintraka awit saking pakartining Korawa, ingkang murih sirnanipun Pandhawa. Nanging saking luhuring budi saha santosaning panggalih, sandi upayaning mêngsah punika botên miyatani, nanging malah manjing dhatêng tapa bratanipun, satêmah kinasihan para jawata.

Awit saking kawicaksananipun Sang Dèwi Kunthi, ingkang putra kacêlakakên dhatêng ingkang putra kapenakan, inggih punika Sri Narendra Krêsna, nata sêsotyaning bawana, botên dhatêng Sri Baladewa ingkang raka Sri Krêsna, jalaran Sri Baladewa punika sarêng kacêlak kalihan Sri Suyudana panggalihanipun lajêng miyar-miyur, beda kalihan kalanipun taksih mudha anama Radèn Kakrasana, mulus bêbudènipun. Dados sok makatêna, panggulawênthah saha pamardi dhatêng putra punika botên cêkap namung sarana kawêlêg ing piwulang kemawon, nanging kêdah angulat-ulatakên saha mrênahakên anggèning sêsrawungan, kadosdene ungêl-ungêlan: ala bêciking kalakuan iku mawa-mawa pakumpulane.

Dèwi Kunthi punika kacariyos prasasat botên nate pisah kalihan para putra, panganggêp saha pamomongipun dhatêng Arya Nangkula saha Arya Sadewa sanadyan putraning maru, botên beda kalihan dhatêng [dha...]

--- 174 ---

[...têng] putranipun piyambak. Makatên ugi para putra, sangêt anggènipun ajrih asih, kapundhi-pundhi kadosdene jimat. Malah manawi kêkesahan botên nate kasupèn nyuwun pamit saha nyuwun pangèstu dhatêng ingkang ibu, tarkadhang kabêkta kalêbêtakên dhatêng kancing gêlung.

Para putraning Kunthi punika salaminipun botên nate pasulayan, atut-runtut sabaya pati, bêbasan: êndhog sapatarangan pêcah siji pêcah kabèh. Ingkang sêpuh sumêrêp ing sêpuhipun, ingkang ênèm sumêrêp ênèmipun.

Badhe kasambêtan

Nyi Darmaprawira. Kêpanjèn - Malang

Bab Olah-olah

Jangan Lodhoh

Kêlan lodhoh punika bakuning bumbunipun namung warni saprangkat, nanging sagêd kangge tigang warni, inggih punika:

1. Lodhoh kluwih, jêjangananipun: kluwih, kacang gleyor (kacang panjang), godhong êso, kulit malinjo, sami kairis alit-alit.

2. Lodhoh terong, jangananipun: terong, boncis, êso.

3. Lodhoh kobis, jangananipun: kênthang, kobis, wortêl.

Lodhoh tigang warni punika bumbunipun: lombok abrit karajang, brambang, bawang, salam laos, tempe wayu, gêndhis jawi, sarêm, kaulêg dados satunggal, kacêmplungakên ing panci utawi kuwali dalah jêjangananipun, dipun toyani satêngah andhap, lajêng kagodhog, manawi sampun umob, sarta janganan sampun êmpuk, tumuntên dipun suri santên sacêkapipun. Jangan lodhoh punika abênipun ingkang kalimrah, kalihan pindhang.

Pindhang

Bumbunipun: brambang bawang lombok abrit sami karajang, lajêng kagôngsa, (ginorèng mawi lisah nyèmèk-nyèmèk), tumuntên dipun suri santên ingkang sampun kabumbonan: gêndhis jawi, sarêm, kluwak, kaulêg dados satunggal, lan godhong salam, laos, godhong jêram purut, tuwin ulam saha sungsum ingkang sampun ginodhog rumiyin, sarta ingkang sampun kairisan alit-alit.

Pandhaharipun manawi kokoh: nyidhuk lodhoh rumiyin, lajêng tinungka pindhangipun, nuntên kawuwuran bumbu dhêle. Dalasan kangge sêgah tamu, limrahipun inggih kakokohakên, malah sêkulipun winadhahan ing takir tinumpangakên ing piring, lajêng dipun sukani lodhoh tuwin pindhang, tumuntên kawuwuran ulam abon gorèng, tinumpangan tigan cêplok satunggal, kalihan rambak. Sêgah ingkang kados makatên punika, wontên ingkang namakakên: sêkul lodhoh pindhang pangantèn anyar.

Mur.

--- 175 ---

Putri Bali Sadhar (P.B.S.)

Tuwuhing pakêmpalan ing tanah ngriki saya dangu saya kathah, ing sakawit tuwuh ing tanah Jawi, dangu-dangu lajêng tumular dhatêng tanah sabrang, malah ing pulo Bali, ingkang ing ngajêng kapetang botên wontên wartosipun pakêmpalan babagan wanita, ing sapunika ugi sampun wontên, ingkang namanipun kados ingkang kacêtha ing irah-irahan punika, malah kugiugi. sampun wontên pakêmpalan sanès-sanèsipun.

[Grafik]

Gambar saking kiwa manêngên: 1. Mevr. Nj. Merta, 2. Mevr. K. Soekrata, 3. Mevr. Ida Bagoes Oka, 4. Mevr. Tj. Ng. Pemajoen, 5. Mevr. Mr. Ig. K. Poedja, 6. Mevr. Poenggawa Kesiman, 7. Mevr. M. Anom (Panitra P.B.S.), 8. Mejuffr. M. Tjatri (Pangarsa), 9. Mejuffr. A.A. Poetra (wakil Pangarsa), 10. Mejuffr. IG. Aj. Rai (Hartaka), 11. Mevr. M. Netja (Pembantu), 12. Mejuffr. A.A. Rai, 13. Mejuffr. IG. Aj. P. Raka, 14. Mejuffr. K. Renjem, 15. Mevr. K. Maroeta lan 16. Mejuffr. IG. Aj. Rapeg.

Putri Bali Sadhar punika wontên ing Dhènpasar, kêgolong pakêmpalan wanita kabangsan. Ancasing pakêmpalan:

1. Ngudi karukunaning para wanita Bali, kanthi dhêdhasar tatacara Bali ingkang laras kalihan jamanipun.

2. Migatosakên tuwin têtulung golongan wanita Bali ingkang warga P.B.S. tuwin ingkang sanès, ingkang ambêtahakên pitulungan utawi wulangan.

3. Ihtiar tuwin ambudidaya murih P.B.S. botên nyulayani undhang-undhangipun nagari.

4. Ambudidaya murih warganing P.B.S. tansah wêwah sêsêrêpanipun umum, ingkang mikantuki dhatêng golonganing wanita.

Ing sapunika pakêmpalan wau sampun sagêd ngawontênakên wulangan a.b.c. tumrap dhatêng para wanita ing Bali sisih kidul. Kajawi punika ugi ambudidaya murih lare-lare èstri ingkang botên sagêd anglajêngakên sinaunipun, jalaran dipun tilar ngajal tiyang sêpuhipun utawi ingkang gadhah têtanggêlan, kanthi ngawontênakên arta pitulungan.

Pakêmpalan punika mêntas ngawontênakên pahargyan mèngêti adêging pakêmpalan sampun sataun, ugi kanthi mitongtonakên barang-barang dêdamêlanipun para warga. Ing kala punika kathah pakêmpalan ingkang sami dipun ulêmi. Ngantos dumugi rampunging prêlu, wilujêng.

--- 176 ---

Pawiyatan Rêtna Murti (Kartini Sêkul) Rêmbang Umur 20 Taun

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 88

Mênggah kawontênaning pêkên malêm kados botên beda lan sanès-sanès panggenan, ing ngriki ingkang wajib angsal pangalêmbana inggih punika:

1. Dhatêng trajanging pakêmpalan putri Susila Rêtna Rêmbang lan dhatêng para pamong siswa Kartini dalah sasiswanipun, ingatasing wanita botên wêgah lan botên ajrih dhatêng rêkaos, sami saiyêg ambiyantu ngramèkakên wontêning pêkên malêm, kados ta: Pakêmpalan Putri Susila Rêtna ngawontênakên rèsturan ingkang sabên dalu dipun sarirani dening para warganing pakêmpalan piyambak, angsal-angsalaning bêbathèn 75% kabantokakên dhatêng pêkên malêm. Makatên ugi Pawiyatan Kartini ugi botên kantun, ngêdalakên barang-barang dêdamêlan asta (handwerken) kanthi angsal pambiyantu barang-barang dêdamêlan asta saking Pawiyatan Wanita Darmarini Blora, Kop Sêkul Juwana, Pakêmpalan Susila Rêtna Rêmbang lan sanès-sanèsipun.

2. Pawiyatan Pêrpolêk ing Rêmbang ugi botên purun kantun, inggih punika ngêdalakên barang-barang saking andhên, arbèt, dêdamêlanipun para murid, kados ta: sulak, kèsèd sêpêt, lap balabag panyêratan, lis pigora, jidharan, gambar-gambar lan pirantosing lare sêkolah sawatawis.

3. Para priyantun kakung ugi ngwontênakên papan, sarana ngwontênakên andhil. Rèsturan Padha Mara alias Soto Tuban, sadaya wau kawon kondhang dening dhawêt: wêdalan Kartini Sêkul Rêmbang, ngantos kathah para priyantun ingkang maringi cap, dhawêt modèrên Kartini Rêmbang. (De beroemde dawet van de Kartini) botên sanès saking nikmatipun.

Tanggal 11 Sèptèmbêr, malêm 12 Sèptèmbêr, dintên Sêtu malêm Minggu tutuping pêkên malêm kangge Kartini, dumadakan bôngsa Tionghwa ing Rêmbang ngwontênakên komite kangge nglajêngakên pêkên malêm punika kalih dalu malih dumugi tanggal 12 malêm 14 Sèptèmbêr. Bêbathènipun rêsik prêlu kangge dêrma Tiongkok. Bab têtingalan lan sêsadean ugi nglajêngakên ingkang sampun, kawêwahan têtingalan sakêdhik.

Kartini lan Susila Rêtna ugi tumandang kangge bab punika.

Ing wasana pèngêtan 20 tauning Kartini Sêkul punika, mugi dadosa pangèngêt-èngêt diwasaning Pawiyatan Kartini, widada kalis ing sambekala, salajêngipun sagêda kasêmbadan punapa ingkang dados ancasipun.

N.B. Bêbathèn rêsik angsal kirang langkung f 1000.

Tukang momong, Bok S.W. Supadma, Rêmbang.

--- [1425] ---

Ôngka 91, Stu Pa, 10 Pasa Ehe 1868, 13 Nopèmbêr 1937, taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm: tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, telpon nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Konggrès Java-Instituut ing Bali - Radèn Dr. Sumitra Adibrata - Gêgayuhaning Ngaurip - Pawicantênan Cara Jawi saha Cara Walandi - Kawontênan ing Purwakêrta - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Kêplèsètipun ngilo badanipun piyambak.

Manawi dipun petani, kados mênggahing katrêsnan, botên wontên ingkang ngungkuli katrêsnaning tiyang dhatêng badanipun piyambak. Bab makatên wau mênggah tôndhayêktinipun sampun ngegla. Ingkang pinanggih ing kasaranipun, manawi badanipun kataman ing sakit, enggal-enggal anggènipun jêjampi, wosipun supados badanipun tumuntên saras. Mênggah tumrap alusipun, manawi kataman ing ginêm awon, batosipun lajêng kraos, wusana parêntulipun lajêng ngawontênakên pananggulang, pamurihipun supados saras kabatosanipun. Dados sadaya wau wosipun namung ngangkah supados lair batosipun rêsik, sampun ngantos kataman ing rêrêgêd.

Wawasan kados makatên wau inggih sampun mèmpêr saha sampun nyenggol dhatêng kajênging warsita kina: sapa kang mêruhi awake dhewe, iku saksat mêruhi Pangerane.

Nanging têmbung nyumêrêpi awake dhewe wau, adhakan lajêng nuwuhakên kêlèntuning panampi, upaminipun kados pêpindhan ing nginggil wau, pancèn inggih botên wontên kêlèntunipun, awit, upami tiyang sakit botên jêjampi, punika sami kemawon kalihan tiyang nglalu. Tiyang dipun ungêl-ungêli ing tiyang namung kèndêl kemawon, punika drajatipun asor sangêt. Nanging tumraping tiyang nyumêrêpi badanipun piyambak, punika kados kajêngipun botên makatên, murih cêthanipun kêdah ngangge paesan (kaca). Mênggah cara gampilanipun, mawasa dhatêng sawarnining lêlampahan, kagathukna badanipun piyambak, upami sumêrêp solahing liyan, adamêl botên rênaning manahipun, lajêng mlengos, punika badanipun piyambak inggih kêdah dipun palengosi. Ing batos kanthi mungêl: Aku yèn duwe tindak kaya ngono iya dipalengosi liyan.

Suraos kados makatên punika sanès suraos adèn, nanging tiyang botên sagêd selak lan tansah kêpêthuk. Ing ngriku punika manawi dipun raos lêbêt, lajêng katingal ngeglaning kaca, manawi botên kalêrêsan pangilonipun, badanipun piyambak malah dados pangilon, têgêsipun malah dipun ilo ing tiyang, utawi kados papan ingkang kêbak sêratan, ingkang ungêlipun:

Ngaturi uninga, salugunipun kula punika namung tiyang ngakên-akên.

Cêkruktruna.

--- 1426 ---

Konggrès Java-Instituut ing Bali.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 90.

Mênggahing bab tatacara Bali wiwit salakirabi, lair ngantos sadumugining ngajal, punika makatên:

1. Ing bab tumindaking salakirabi tumrap darah ratu jaman rumiyin ngantos sapriki, punika ugi taksih tumindak, nanging sampun awis-awis. Dene tatacaranipun:

[Grafik]

Têtingalan jogèd Bali.

Tiyang sêpuh sasampuning ngrêmbagakên badhe anjodhokakên anak, lare jalêr èstri katêtêpakên nama pacangan, dipun wastani mêtêtagon. Manawi sampun kalampahan pacangan punika, sabên nuju dhawah dintên Galungan (tumrap Jawi bokmanawi Wuku), lare jalêr kêdah ngêjot. Mênggah kajêngipun ngêjot wau, lare jalêr sabên dhawah dintên wau kêdah nyukani sandhang pangangge sapêpakipun, kandhi arta sawatawis dhatêng pacanganipun, punika kadosdene dados tandhaning têtêngêr. Saupami wontên tiyang mêndhêt lare èstri ingkang sampun dipun kêjot wau, manawi kasêrêg ing prakawis, sagêd kokum. Nanging ing sapunika tindak kados makatên wau sampun awis-awis, santun cara tumindak sami sênêngipun.

Wontên ugi salakirabi mawi cara dipun inggatakên (bokmanawi caranipun jaman purwa ingkang dipun wastani alap-alapan), mênggah caranipun, pun lare jalêr ingkang tanggêl dhatêng èwêd-pakèwêdipun. Lare èstri wau lajêng dipun umpêtakên, salajêngipun dipun bujuk-bujuk ing lare jalêr, manawi lare èstri purun, punika sêpên ing pakèwêd. Nanging manawi lare èstri dipun takèni ing bapakipun, purunipun wau jalaran dipun pêksa, lare jalêr wau sagêd kaukum awrat.

Bab salakirabi wau manawi sampun matêng ing rêmbag, lajêng dipun damêlakên sajèn dening pandhita (pêdhandha), murih pangantèn manggih wilujêng. Cara makatên wau tumindak ing sabên tiyang, nanging ugi wontên beda-bedanipun. Tumrap bôngsa agêng mawi têtêngêr ingkang dipun wastani Sanggar Tawang, tumrap tiyang alit dipun wastani Sanggah Kêmahilan.

2. Sasampuning kalampahan dhaup, saha pangantèn sampun wawrat, lajêng dipun damêlakên pahargyan ingkang dipun wastani mêgêwong, murih bayi wilujêng dumugining lairipun.

--- 1427 ---

3. Manawi bayi lair, dipun damêlakên sajèn, nama: pêmapag, supados bayi manggih wilujêng.

4. Bayi sapupaking pusêr, dipun damêlakên sajèn, nama: labahan, akajêng ngicali sêsukêripun bayi.

5. Bayi sasampuning umur 12 dintên, dipun sajèni nama: jêjênêngan, awarni jêjanganan, kangge anyajèni para danawa bajang ingkang damêlipun anggêgodha bayi.

6. Manawi bayi sampun umur 42 dintên, dipun sajèni pêkêkambuhan, prêlu kangge sarana nucèkakên pun bayi tuwin biyung. Wiwit punika pun biyung sampun kenging ngambah ing pura-pura tuwin sanès-sanèsipun, ingkang winastan suci.

7. Sarêng bayi sampun umur tigang wulan, dipun damêlakên sajèn nama pêtlubulanan, akajêng supados pinaringan sêgêr kasarasan dening Pangeran.

8. Sasampuning umur nêm wulan, lare kaandhapakên ing siti, mawi sajèn nama têtingkêp, mawi dipun mantrani ing pandhita. Kajawi punika ugi dipun sarêngi ngêthok rambut.

9. Manawi lare sampun pupak untu, mawi sajèn nama makupak, supados benjing thukuling untu enggal sagêd kiyat.

10. Tumrap lare èstri, manawi anggarap santun, dipun wontêni sêsaji nama pêlabahan, dados tandhaning akil balèg, tuwin mawi dipun sêngkêr wontên ing gêdhong sadintên, mawi sêsaji nama ngêkêban, supados angsal sawabing midadari pêpitu ing kahyangan.

11. Pasah untu ing sadèrèngipun dipun pasahi ugi mawi pangêkêban, kados ing nginggil. Nanging bab pangêkêban, punika limrahipun namung katindakakên ing para agêng, namung bab pasah, dipun tindakakên ing sabên tiyang.

Bab tatacaraning kêpêjahan:

1. Samôngsa wontên tiyang ngajal, mayit lajêng dipun dusi, mawi sajèn nama pêmbêrsihan, ingkang ngêdusi pêdhandha, punika tumrap ingkang lajêng dipun bêsmi. Tumrap ingkang badhe dipun tanêm, sasampunipun dipun dusi lajêng dipun sajèni nama punjung, têgêsipun têtêdhan sarwa mêpêki. Sasampunipun dipun siram ing toya: tirta pêngêntas, lajêng dipun pêtak.

2. Tumrap ambêsmi mayit, pahargyanipun dipun tindakakên ngantos kawan rambahan, dintên kapisan, mayit ingkang dipun rimat, kalêbêtakên ing bandhosa, nama: munggah bênusa.

Dintên kaping kalih, pêdhandha amêmuja. Pahargyan wau dipun wastani: nyawa wêdhana, têgêsipun mêmuja roh, inggih nêbusi dosanipun nalika taksih gêsang. Têbusan wau awarni arta, wos tuwin sanès-sanèsipun. Tumraping para darah luhur utawi pandhita, ingkang ngangge pahargyan nagabônda, inggih lajêng dipun wontêni.

Dintên kaping tiga, mawi pahargyan ngawontênakên sajèn mêpêki, punika minôngka tilaraning mayit. Mangke ing wanci gagat bangun, kawontênakên upacara mindhahakên roh, ingkang dipun wastani sangkan paran.

Ing dintên kaping sakawanipun, mayit dipun bêsmi.

--- 1428 ---

Radèn Dr. Sumitra Hadibrata.

Kala ing dintên Jumungah tanggal kaping 5 wulan punika, ing Batawi wontên promosi, inggih punika tindak caraning panêmpuh angsal sêsêbutan Doctor. Ingkang nêmpuh wau Radèn Sumitra Hadibrata arts ing C.B.Z. ing Batawi, sarana proefschrift awêwarah Het trachoom op de Volksscholen te Batavia.

[Grafik]

R. Dr. Sumitra Hadibrata ingkang lênggah sakalihan garwa R.A. dipun apit-apit ing kulawarga. Ingkang ngadêg sisih kiwa piyambak, Tuwan Wardiman, Kapitein-vliegenier Nederl.-Indisch Leger, sampun pènsiyun, inggih punika satunggiling juru gêgana tiyang siti ingkang wiwitan, sadhèrèkipun ênèm R. Dr. Sumitra Hadibrata.

Ing bab panêmpuhing pandadaran wau, anandhakakên bilih Radèn Sumitra punika satunggiling dhoktêr ingkang majêng babagan ngudi kawruh, saha manawi nitik saking wontêning proefschrift tuwin pikantuking papriksan, ing ngriku katingal sakalangkung nyarambahi dhatêng rakyat, inggih punika tumrap têtiyang ingkang sakit mripat, tur sadaya wau botên tilar dhêdhasar katrêsnan.

Katrangan babadipun sawatawis tumrap Radèn Sumitra, kados ing ngandhap punika:

Ing sakawit Radèn Sumitra sêkolah Jawi, salajêngipun sêkolah Walandi, laminipun 1½ taun. Satamatipun saking pamulangan Walandi, nglajêngakên sinau dhatêng Stovia.

Salêbêtipun taun 1915 lulus pandadaran Ind.Arts lajêng katêtêpakên nyambut damêl wontên ing Wilhelmina Gasthuis ing Bandhung, maligi namung anjampèni tiyang sakit mripat, ngantos dumugi taun 1920. Wiwit taun 1920 dumugi taun 1928, Radèn Sumitra nyambut damêl ing pintên-pintên panggenan.

Ing taun 1928 Radèn Sumitra sakulawarga bidhal dhatêng nagari Walandi prêlu nglajêngakên pasinaonipun. Ing salêbêtipun taun 1930 lulus ing pandadaran. Dados sinaunipun wontên ing nagari Walandi 2½ taun.

Anggènipun dhatêng nagari Walandi sakulawarga tuwin anggènipun anglajêngakên sinau salêbêtipun 2½ taun wau, sadaya awaragad piyambak. Bab punika kenging kangge titik, bilih Radèn Sumitra nyata adhêdhasar kêncêng ing panggalih, ajêng dhatêng padamêlan rêkaos.

Manawi miturut pangajaran ingkang dipun udi sakawit, punapadene ing bab dhêdhasaring kasagêdanipun, saèstunipun dèrèng nyêkapi kangge nglajêngakên sinau dhatêng nagari Walandi, saya malih manawi [ma...]

--- 1429 ---

[...nawi] ngèngêti kathahing waragad lampah punapadene gêsang wontên ing nagari Walandi, punika botên sakêdhik, ewadene dipun têmpuh, kanthi adhêdhasar purun.

Saya manawi ngèngêti kala nindakakên promosi punika sampun ngumur 49 taun, punika ugi sampun kenging kangge titikan langkung. Awit limrahing tiyang siti, ngumur samantên punika namung kantun pinanggih ngalokronipun.

Miturut suraosing proefschrift, punika pinanggih sakalangkung wigatos, saha ing ngriku ngêmu raos ingkang sumarambah saha ingkang pantês dipun alêmbana. Inggih punika:

a. Sukadaya, supados sêsakit trakum, inggih punika sêsakit mripat ingkang anggêgirisi panularipun dhatêng rakyat, sagêd dipun tanggulangi ingkang sumrambah.

b. Ngawontênakên tatanan, supados têtiyang ingkang sampun risak kabatosanipun, tuwin sampun botên sagêd saras sakitipun babarpisan, supados dipun sukani padamêlan, upaminipun nênanêm sapanunggilanipun, wontên ing papan ingkang dipun sadhiyakakên.

Dados kajênging proefschrift wau, wosipun prêlu kangge nyampurnakakên kawuh ingkang migunani tumraping rakyat, ingkang sami nandhang sakit limrah tuwin sakit mripat.

Manawi angèngêti kawontênanipun têtiyang ing tanah ngriki, wontênipun têtiyang ingkang nandhang sakit mripat, pinanggih langkung kathah tuwin maradini ing pundi-pundi, punika sagêda nocogi kados pangajêng-ajêng ing nginggil. Makatên malih manawi angèngêti wohing tindak têtulung wau, ing pangintên botên sande, dangu-dangu wontêning sêsakit mripat, ingkang kenging dipun wastani dados sêsakiting rakyat, tamtu badhe saya suda. Cundhukipun malih, manawi rakyat sampun têtêp pitados dhatêng pitulunganing dhoktêr, saha ngrumaosi bêtah dhatêng dhoktêr, sêsakit wau tamtu botên dados bêbaya agêng.

[Iklan]

Mila tumrap Radèn Dr. Sumitra Hadibrata anggèning lulus angsal sêsêbutan Doctor kanthi proefschrift babagan sêsakit mripat, punika badhe agêng sangêt pigunanipun, ing golongan babagan kasarasan nama manggih kabêgjan.

Botên langkung ing pamuji, mugi Radèn Dr. Sumitra Hadibrata manggiha suka bagya, tuwin nêrusna kados pangajêng-ajênging ngakathah.

Pawartos saking Redhaksi

K. 5313 ing Tuban. Bab pandangu panjênêngan, pancèn dèrèng wontên katrangan. Supados langkung cêtha, panjênêngan kintuna sêrat piyambak dhatêng Borneo Sumatra Handel. Mij. Kalibesar Oost 9 Batavia-Stad.

K. 40 ing Bangil. Pandangu panjênêngan dhawah 4 Juni 1898 Ehe 1828 Wuku Madhangkungan.

K. 1198 ing Kêtandhan. Re Le, 15 Bakdamulud, Jimawal 1829 utawi 23 Agustus 1899. Limrahipun mêndhêt saking pamêdal baku.

K. 228 ing Watês. Kula aturi nyrantosakên sawatawis.

--- 1430 ---

Raos Jawi

Gêgayuhaning Ngaurip

Sambêtipun Kajawèn nomêr 89

[Kinanthi]

sawênèhe wong anggayuh / kabungahan direwangi / amitênah liyan janma / mrih tumêka ing bilai / akêkudhung lulang macan / pangarahe dèn wêdèni //

janma dhêmên adu-adu / mrana-mrene cêcariwis / ngêdu kene karo kana / pangarahe mrih pradondi / kalamun wis padha êcrah / tukang ngêdu sukèng ati //

wong kang dhêmên nômpa wadul / môngka ana kang maduli / kaduk manis pangucapnya / wiragane amantêsi / wis tan nganggo titipriksa / saujare dèn iyani //

tukang wadul sukèng kalbu / wêwadule dirêgani / lawas-lawas dadi tuman / bungahe ngancur-ancuri / luput kene ngalih kana / dènira ngancur-ancuri //

wong kang jail sukèng kalbu / lamun bangkit anjaili / wong druhaka ngrasa bungah / lamun bangkit angalani / wong kang watak ambêk siya / bungah lamun mêmatèni //

wong panastèn sukèng kalbu / yèn wêruh wong nandhang miskin / bungah wêruh wong sangsara / gêla lamun ngudanèni / kabêgjane liyan janma / rumasa yèn dèn ungkuli //

wong kang ambêg budya tulus / bungah bangkit anulungi / marang janma kang sangsara / bungah bangkit amadhangi / pêpêtênging liyan janma / angrêrapu wong kang sêdhih //

wong kang dhêmên tukar padu / bungah lamun antuk tandhing / luwih manèh lamun mênang / tyase agung pindha wukir / sawênèhe ana janma / ngrasa bungah marga ngimpi //

akèh bangêt yèn winuwus / kaanan kang anjalari / sukaning tyas para janma / dadi cêtha yèn ngaurip / kabèh padha butuh bungah / tan ana kang butuh sêdhih //

mula iya ora luput / sok janmaa anulari / saranane kang mrih bungah / nanging lamun wis mangrêti / yèn sok wonga butuh bungah / lire datan angijèni //

kang mangkono wis tartamtu / tumindake ing pangudi / saranane kabungahan / kudu titi ngati-ati / lire aywa angrêrusak / kamardikane lyan janmi //

lire ngrusak iku mau / pratingkah kang anjalari / bilai lan kapitunan / apadene êsak sêrik / upamane amitênah / iku harak nyilakani //

êmbuh susah êmbuh lampus / datan bangkit angarani / têkèng pati apa susah / karo pisan datan yukti / lire gawe kapitunan / kaya dene amêmaling //

wong melikan tindak rusuh / datan darbe wêlas asih / dènnya ngarah wuwuh bôndha / wong liya tan pinraduli / kasangsaran kapitunan / awak dhèwèk kang pinikir //

gêlêm tulung tulung mênthung / anjalari saya miskin / saya mundhak kasangsaya / iku kabèh tan pinikir / anggêr awak dhèwèk bungah / awit uwis sugih dhuwit //

karya êsak-sêrik iku / lire nglarakake ati / upamane wong darajat / iya iku dadi pyayi / dadi lurahing pakaryan / kuwasa mangrèh pra janmi //

banjur ambêg kumalungkung / gumunggung anggunggung dhiri / tumindak sawênang-wênang / ngêndêlake nguwasani / sapa wani malangana / iku gawe êsak-sêrik //

Wis lumrah wong asor

--- 1431 ---

[Iklan]

iku / anane mung sarwa wêdi / nanging wêdi kang kapêksa / ing batine êsak-sêrik / datan bangkit antuk marga / kanggo malês êsak-sêrik //

dupèh darbe brana agung / ngêndêlake lamun sugih / patrape sawênang-wênang / marang para pêkir miskin / dumèh pintêr amaeka / ngrèmèhake liyan janmi //

dupèh darbe warna bagus / dupèh sugih lawan singgih / wani ngrusak paugêran / pagêr ayu dèn rusaki / iya iku wani ngalap / wanodya kang darbe rabi //

ing sarèhne para makluk / padha butuh sukèng ati / mula lamun nêdya bungah / ambok aja angijèni / nêdya bungah iya bungah / bungahing lyan ywa digêmpil //

donya iki luwih agung / sèn-isène anyukupi / kanggo srana ambêbungah / tyase sagung kang kumêlip / mula aywa rêrêbutan / têmahane nêniwasi //

yèn wong tansah rêbut unggul / arsa bungah angijèni / tinêmune malah susah / dadi malah kosok bali / ngarah bungah antuk susah / lan manèhe wajib eling //

lamun bungah susah iku / salawase gênti-gênti / diakala kaya ngapa / mrih sumingkir saka sêdhih / wis tartamtu ora bisa / anggêr bungah iya sêdhih //

lan manèhe lamun tuhu / tan kaduga nandhang sêdhih / dadi aywa karya susah / iku lagi aran adil / luwih bêcik ambêbungah / marang wong kang nandhang sêdhih //

lah ta sapa datan ngaku / yèn têtulung iku bêcik / suprandene akèh janma / kang tan sudi gawe bêcik / malah dhêmên tindak ala / saka ngarah sukèng ati //

Ki Darma Prawira. Kêpanjèn - Malang.

--- 1432 ---

Pawicantênan Cara Jawi saha Walandi

(Javaansch-Nederlandsche Gesprekken)

Dr. M. Priyautama, lèktor ing Onipêrsitèit ing Utrecht (Nederland) mêntas yasa sêrat "Javaansch-Nederlandsche Gesprekken" isi pawicantênan cara Jawi dipun sisihi cara Walandi, ngrêmbag prakawis warni-warni ingkang limrah utawi asring kasrambah dening tiyang gêsang ing jaman samangke. Upami kemawon:

1. Prakawis badhe mondhok ing hotèl, wicantênipun tamu kalihan jongos.

2. Ginêmipun tiyang wontên ing restoran.

3. Rêmbagan badhe nyewa griya.

4. Wontên ing toko.

5. Ngundang lan nampèni dhoktêr.

6. Wontên ing panggenanipun tukang cukur, lan sanès-sanèsipun.

Badhe nêlas-nêlasakên papan, saupami prakawis 30 bab ingkang kawrat ing sêrat wau kula priksa satunggal-satunggal, kula aturakên sadaya. Wosipun kemawon pêpak.

Miturut bêbuka, sêrat wau ingkang dipun sadhiyani tiyang-tiyang ingkang niyat badhe nyinau basa Jawi, utawi basa Walandi. Dados kajêngipun ingkang ngarang, mikantukana dhatêng bôngsa Walandi ingkang badhe ngulinakakên basa Jawi, utawi bôngsa Jawi ingkang badhe ngulinakakên têmbung Walandi. Tumrapipun bôngsa Walandi, sagêda mungêl: e, dadi nèk aku arêp muni mangkene, upamane, kuwi cara Jawane mangkene. Dene tumrap bôngsa Jawi sagêda mungêl: e, dadi cara Walandane nèk aku arêp muni anu, kuwi anu. Makatên sapiturutipun.

Saya kêrêp lokipun tiyang ingkang kados makatên wau, saya sae. Saya kathah saya prayogi, mratandhani bilih ingkang kapratelakakên ing mriku punika pancèn kathah ingkang dèrèng kasumêrêpan, utawi pancèn dados kabêtahanipun tiyang, ingkang waunipun botên patos dipun raosakên.

Wontên ing Sêrat Wulang Basa, inggih wulang basa punapa kemawon, punika limrahipun botên kobêr nyumêrêpakên prakawis-prakawis wau, jalaran sawêg mrêlokakên mulang bab pangrimbaging têmbung, nata basa, utawi tètèhipun ing bab migunakakên basa, nêpangakên kalihan basanipun tukang cukur, manuhakên kalihan basanipun dhoktêr, sapiturutipun, botên kobêr, utawi inggih botên cêkap wêkdalipun. Môngka tumrapipun tiyang gêsang, sadaya wau prêlu, prêlu tiyang gêsang nyumêrêpi têmbung-têmbungipun utawi basanipun ngasanès. Dados guru upaminipun, prêlu sumêrêp têmbung-têmbung ingkang kangge wontên ing kantor pos. Dados priyantun B.B. prêlu nyumêrêpi basanipun tiyang sêpuran. Dados bêlantik, prêlu sangêt sumêrêp basanipun tiyang tani, basanipun bakul, sapiturutipun. Jalaran tiyang gêsang punika kathah kabêtahanipun, wontên kalamangsanipun kêdah srawungan kalihan tiyang sanès. Manawi lajêng kirang mudhêng dhatêng basa, têmbung utawi têtêmbunganipun ngasanès, srawungipun tamtu lajêng kuciwa, kuciwaning srawung anjalari badhe kirang cêkap anggènipun kasampêdan ing bêtahipun. Dados sumêrêp dhatêng basaning asanès, punika ngindhaki dhatêng kaprigêlan.

--- 1433 ---

Kula matur basaning asanès, têgêsipun punapa wontênipun kadosdene ingkang limrah kangge ing asanès wau. Dados sampun (aja) wontên kajêng badhe anacad, agêngipun badhe ngewahi. Nacad punika dede tindakipun tiyang badhe srawungan. Ngewahi têgêsipun ambibrah margi ingkang sampun wontên, yasa margi sanès ingkang dèrèng kantênan manawi kangge, utawi dipun ajêngi. Dados kalih-kalihipun botên prayogi sadaya. Dene ingkang prayogi piyambak, kados ingkang sampun kula aturakên ing ngajêng, inggih punika kêdah namung satumut-tumut ngangge. Rêmbagan kalihan tukang cukur, ingkang samangke sampun limrah dipun wastani bar-bir, inggih kêdah ngangge têtêmbunganipun bar-bir. Wontên ngajêng lokèt kantor pos, rêmbagipun kalihan priyantun pos, inggih kêdah ngangge têmbung utawi têtêmbungan ingkang sampun limrah kangge wontên ing kantor pos. Makatên sapiturutipun.

Nêpangakên kalihan têmbung-têmbung wau, punika manawi dipun sarêngakên kalihan mulang basa, adhakanipun botên kabujêng. Dados kêdah dipun sumêrêpakên mawi lampah sanès. Upaminipun kemawon kadosdene lampahipun Dr. M. Priyautama, anggènipun nganggit sêrat Pawicantênan ingkang sawêg kula rêmbag punika. Dados tumrapipun pasinaon basa, sêratipun Dr. M. Priyautama wau botên mêngku sêdya nyumêrêpakên pamrêtalipun têmbung utawi ukara Jawi dhatêng basa Walandi utawi kosokwangsulipun, (bab punika, kados atur kula ing nginggil, dados bêbahanipun Sêrat Wulang Basa), nanging sampun nyandhak dhatêng tataran ingkang langkung inggil, inggih punika nyumêrêpakên dhatêng ingkang sinau: nèk cara Jawane kowe arêp mêngkene, kuwi cara Walandane mêngkene, utawi kosokwangsulipun.

[Iklan]

Prakawis punika, sampun kula aturakên ing nginggil, tumrap pasinaon basa pancèn prêlu. Dados wêdalipun sêrat anggitanipun Dr. M. Priyautama ingkang isi pawicantênan Jawi-Walandi, punika pantês manawi sami kula tampi kanthi bingahing manah. Awit nama nyampêdi kabêtahan, ingkang sadèrèngipun sêrat wau mêdal, dèrèng kasampêdan. Jalaran saking wontênipun sêrat wau, bôngsa Walandi ingkang sinau cara Jawi utawi bôngsa Jawi ingkang sinau cara Walandi, cara tiyangipun malampah wontên ing panggenan ingkang rêmêng-rêmêng makatên, angsal colok utawi obor.

--- 1434 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Kawontênan ing Purwakêrta

II.

Garèng : Wah, Truk, aku ngrasakake caritamu ing bab kamajuwane kutha Purwakêrta, lho, kuwi rasane nyang ati kok mak: cês, cês, sênut, sênut.

Petruk : We, hla, ora ngrêti aku, Kang Garèng, ana rasaning ati têka sajak: ngrujak sêntul mêngkono. Nèk: cês, cês, kuwi kêna diupamakake wong sing disiram ing banyu sêwindu, rasane mêsthine iya adhêm kêpenuk. Hla ing kono kanggo ambasakake adhêming ati utawa pikir. Nanging têmbungmu: cês, cês, têka kok jodhokake karo: sênut, sênut. Ing môngka rasaning mak: sênut, sênut kuwi upamane rasaning wudun sing arêp mêcah. Hla, iki kêna diibaratake rasaning ati sing: gêtun utawa gêla. Hara, apa iki ora ambingungake: wong ati ayêm, têka dibarêngake karo gêtun, utawa: gêla.

Garèng : Rasa sing mak: cês, cês, kuwi wis kok têrangake ati ayêm. Mula atiku iya ayêm têmênan, sabab jalaran saka majune Purwakêrta kuwi mau, têmtune iya banjur murah dhuwit, wusanane bôngsa inyong iya ora pati bangêt-bangêt anggone kudu ... pati gêni, nanging atine banjur rasa: sênut, sênut, awit miturut kandhamu, omah anyar, pating jênggunuk, pating prongkal, pirang-pirang bangêt, lho, kuwi têka saperangan gêdhe bangêt, duwèke bôngsa Walônda lan bôngsa Tionghwa.

Petruk : Wayah, wong bôngsa loro kuwi sing duwe dhuwit, mêsthine iya bôngsa loro kuwi sing padha yasa omah. Nanging sanadyan bangsane dhewe, ing Purwakêrta kono, iya akèh sing padha yasa omah, pating plênuk.

Garèng : Iya wis ngrêti aku, omah-omah duwèke bangsane dhewe, ora kok unèkake pating jênggunuk, nanging narima disêbut, pating plênuk, rak iya wis pira-pira, ta, bisa yasa omah. Ora, Truk, kajaba sing wis kok kandhakake ing ngarêp, apa manèh ing Purwakêrta kuwi sing maju.

Petruk : Ana manèh ing Purwakêrta kang katon maju têmênan, Kang Garèng, yaiku sakèhing pakumpulan-pakumpulan kang padha ngudi marang kautamaning ngaurip. Kaya ta pakumpulaning kaum muslimin kuna, pakumpulan Ahmadiyah, pakumpulaning kaum Kristên, iya sing Katolik, apadene sing Protestan, banjur pakumpulan :

--- 1435 ---

Ardapusara, Suci Rahayu, malah biyèn pakumpulan: Kamanungsan, lan êmbuh apa manèh. Kabèh kuwi mau maju, Kang Garèng, têgêse: para wargane rata-rata sathekruk-sathekruk.

Garèng : Hla, iya, wong kabèh mau padha ngudi nyang kautaman, mêsthine iya ora ana sing bakal ngarubiru. Tumrape wong-wong ing Purwakêrta mung kèri milih bae, ing ngêndi sing kêpenak lan sing ... gampang lakune.

Petruk : Wayah, Kang Garèng kiyi kathik le sêmbrana mêngkono. Golèk kautamaning ngaurip kuwi, apa manèh yèn gêgayutan karo jaman kalanggêngan, kuwi têmtu ora ngèlingi kêpenake lan gampange lakune.

Garèng : Lho, wong kuwi lumrahe iya sok ngono kuwi, kaya ta niru cara Lônda, kuwi sing akèh-akèh sing ditiru rak iya sing gampang lan sing kêpenak bae, ta. Kaya ta: tiru adus andhuk-andhukan, iki pancèn iya kêpenak, rasane nyang awak: kêsat. Banjur tiru anggone nyang sapa bae, têrus: nganyêr, iki pancèn iya gampang lan kêpenak, nanging niru tatakramane bôngsa Walônda sing têmênan, sing akèh-akèh: gêmang, sabab iki pancèn iya angèl têmênan. Banjur sing ditiru manèh kuwi: mangan-mangan bangsane: podhêng, konêngêskrun, tar, lan aja lali anggone tiru ... jogèd rangkul.

[Grafik]

Petruk : Hara, hara, kok dibanjur-banjurake mêngkono omongane. Nanging wis lumrah, Kang Garèng, titahing Pangeran kuwi umume anduwèni watak: lumuh kangelan, kêpengin enak-enakan, luwih-luwih bangsane dhewe iki. Mara, sing kanggo pangarêm-arêm wong kuna bae kêpriye, nèk ora kliru kaya-kaya rak sing mangkene kae: enak eca, anggêbêg rôngka, mangku rôndha. Kuwi karêpe rak: enak-enake wong urip kuwi, ora tumandang gawe apa-apa, nanging bisa kêtutugan kasênêngane. Sabab, anggêbêk rôngka, kuwi rak panggawe timbang nganggur. Banjur mangku rôndha, apa manèh yèn ayu kathik sugih, iki dianggêp kasênêngan kang tanpa ana tandhingane.

Garèng : Iya wis, wiyah, kok banjur sing-sing

--- 1436 ---

mêngkono. Ora, Truk, saiki aku arêp takon dhisik. Kowe mau ngandhakake yèn ing Purwakêrta akèh pakumpulan-pakumpulan kang ngudi mênyang kautamaning ngaurip, kaya ta: pakumpulan kaum Muslimin, kaum Kristên, kaum Ardapusara, kaum Suci Rahayu, lan sapadhane, kathik kabèh-kabèh padha ngrêbda. Hla, saiki pitakonku, pakumpulan kautaman samono kèhe mau, jarene sing apik dhewe êndi.

Petruk : Sing apik dhewe, Kang Garèng, mungguhing aku iya sing ... lagi dilakoni.

Garèng : Wèh, hla iki wangsulan sing ora nalar têmênan. Iki rak padha bae karo wong sing ditakoni mangkene kae: mihun sing lagi kok pangan kuwi, enak apa, ya. Wangsulane: enak ... kanggone aku. Iki rak wangsulan sing gawe ambêdhêdhêging ati têmênan.

Petruk : Lho, rak iya wangsulan sing bênêr bangêt, ta, Kang Garèng. Enak, nanging kanggone aku. Wong aku dhewe wis tau ngalami, wong Arab mangan sêga gorèng nganggo samin, dicampur karo: êndhog, gêdhang, malah nganggo durèn barang, Kang Garèng, lho, kuwi kandhane nyang aku mangkene: enak, enak, makanan nomêr wahid, suwe-suwe aku kêpengin, banjur ngicipi ... blokeran aku, Kang Garèng. Dadi: iya bênêr enak, lan makanan nomêr wahid, nanging iya kanggone wong Arab mau, nanging kanggo wong liya, rak bisa uga ngajak ora agama, ta, Kang Garèng. Mulane iya bênêr bangêt, wangsulan sing muni: enak, kanggone aku mau.

Mêngkono uga pitakonmu: pakumpulan ngudi kautaman mau, ngêndi sing apik dhewe, wangsulanaku: sing apik dhewe iya sing lagi dilakoni. Lire mangkene, Kang Garèng.

Wong lagi kelut marang sawijining prakara, kuwi lumrahe iya wis ora andêlêng ngiwa nêngên manèh, iya mung prakara kuwi sing apik dhewe, brêgas dhewe, lan utama dhewe, liyane bisae kabèh. Sanadyan dielingna: iki mêngkene, iki mêngkono, lumrahe ora kok banjur katrima lan manut, bokmanawa malah ngajak bijigan. Kowe bae kêpriye, lagine kelut karo Mas Ajêng Kanthil kae, apa kowe ora ngrumasani: iya manis, iya ayu, iya brêgas, iya sêngklik-sêngklik, iya utama, sajagad ora ana sing madhani. Sing ngelingake nyang kowe rak iya pirang-pirang, ta, kaya ta: yak, Mas Nala, ambok èngêt, wong mung Kanthil mawon kok, rak botên pati ayu, botên mungguh lan mathuk, yèn sampeyan alap, sing luwih brêgas ... kathah, mas. Kalih malih ayua nika ... nèk ngilêr ênggih mambu, mas. Mara, ing kala samono kowe rak iya ora trima kasih marang wong kang ngelingake kowe mau, malah kowe bêgita-bêgitu, wonge kok ajak êmbèk-êmbekan. Lho, samono dayane wong kang lagi kelut kuwi, Kang Garèng.

Garèng : Wèh, kok rupa-rupa mêngkono wangsulane. Iya, aku tak ngalah, banjurna bae caritamu sing aèng-aèng kuwi.

--- 1437 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Gladhèn ringgit tiyang. Kawartosakên, wiwit sapunika ing salêbêting Karaton Ngayogya ngawontênakên gladhèn ringgit tiyang. Wigatosipun badhe kagêbyagakên salêbêtipun tigang dintên, manawi Paduka Rajaputri Juliana ambabar.

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi-Wetan, M. Soekadi Koeswodisapoetro, Aib. ingkang nindakakên padamêlan mantri pulisi paresidhenan Pêkalongan, dados asistèn wêdana paresidhenan Pêkalongan. Sanoen, juru sêrat klas 1 kantor paresidhenan Magêlang dados mantri pulisi paresidhenan Kêdhu.

Andhapan ngrêrisak. Ing satunggiling dalu pasabinanipun têtiyang ing dhusun Plakaran, Pêmalang, dipun têmpuh ing andhapan kirang langkung suwidakan, sabin ingkang dipun têmpuh têlas 6 bau. Ing sanalika wau ugi dipun tandangi, wontên ingkang pêjah 4, sanèsipun lumajêng. Ing salajêngipun têtiyang dhusun ingriku nêdha biyantu dhatêng veldpolitie.

Sumur mawa koolzuur. Ing dhusun Karangbanyu, Ngawi, wontên tiyang nama Bêngkring damêl sumur, ngantos lêbêt, toyanipun dèrèng mêdal. Ing satunggiling dintên anakipun Bêngkring wau malêbêt ing sumur wau, pêrlu mêndhêt klapa ingkang kêcêmplung ingriku, sarêng dumugi ngandhap lare wau lajêng tiwas. Bêngkring sarêng sumêrêp inggih lajêng nututi nyêmplung, ugi lajêng tiwas. Salajêngipun, sarêng sumur wau dipun priksa dening tiyang ahli, kasumêrêpan bilih wontên koolzuuripun.

Lesus ing bawah Klathèn. Kala tanggal 3 wulan punika wanci jam sêtêngah tiga sontên ing bawah kawadanan Bèji wontên lesus anggêgirisi sinarêngan ing jawah dêrês sangêt. Ingriku anjalari kasangsaran tuwin karisakan. Miturut palapuran, tumrap bawah kaondêran Karangdawa, griya ingkang ambruk wontên 73 wuwung, bawah pamijèn dhistrik wontên 142 wuwung. Kasangsaran tiyang, ingkang pêjah 1, tatu rêkaos 9, tatu ènthèng 4, lêt dalu wontên ingkang nusul pêjah malih 1. Pangagêng nagari ing Klathèn ugi lajêng rawuh papriksa.

Badhe sinau dhatêng Eropa. Wontên wartos, R.M. Hoedojo Hoeksamadiman, rumiyin murid Middelbare Journalisten School ing Bandhung, ingkang lajêng dados hoofdredacteur De Ksatria, ingkang ugi kawêdalakên ing Bandhung, badhe dhatêng Eropa, pêrlu nglajêngakên pasinaon Kunst-academie ing Weenen babagan damêl gambar pêpêthan (caricatuur), laminipun 4 taun. R.M. Hoedojo punika putranipun wêdana ing Sêdayu, kabupatèn Surabaya. Kala taksih wontên ing Mulo Mojokêrto sampun kêtitik kalangkunganipun anggambar, saya sarêng dados hoofdredacteur De Ksatria punika, kêrêp damêl gambar ingkang dados pangalêman. Kajawi punika wontên malih ugi tilas murid ing pamulangan wau nama R.M.P. Soerjonegoro, putranipun ingkang Bupati sêpuh Bangkalan, badhe nglajêngakên anjêmbarakên kawruh journalistiek dhatêng Eropa.

Pilihan warga Provinciale raad Jawi-Têngah. Miturut wartos, ingkang kaajêngakên ing pilihan kangge warga Provinciale raad ing Jawi-Têngah, golongan tiyang siti, tumrap kiesdistrict Sêmarang, ingkang Bupati Grobogan, ingkang Bupati Sêmarang, R.M. Soeprapto, hoofddjaksa Sêmarang. Kiesdistrict Pêkalongan, ingkang Bupati Brêbês, Pêmalang, Têgal, tuwin Pêkalongan. Kiesdistrict Japara-Rêmbang, ingkang Bupati Japara-Rêmbang, tuwan Prawoto Soedibjo, wêdana Pathi.

[Iklan]

Têlaga Bernhard. Miturut wartos, Dr. Cator, badhe ngadani bidhal saking Fak-Fak numpak motor mabur dhatêng tlaga Bernhard, pêrlu titipriksa, têlaga wau kaprênah wontên Nieuw-Guenea Têngah.

Ulam malaria. Kapal Marnix ingkang bidhal saking tanah Jawi dhatêng Singapura, ambêkta ulam-ulam ingkang taksih gêsang, pêrlu kakintunakên dhatêng Singapura ngriku. Ulam-ulam wau nama ulam Puntius Javanicus, dene pigunanipun ulam wau kangge nulak sêsakit malaria.

Kapal ngamanca badhe ngêwrat gêndhis. Ing palabuhan Surabaya kêdhatêngan kapal saking Griekenland nama Zografia Nicolaou. Ing sadèrèngipun dumugi ing Surabaya mêntas labuh wontên ing Miiki, Jêpan. Kapal wau dumuginipun ing Surabaya badhe ngusungi gêndhis gadhahanipun firma Wellenstein-Krause.

Tiyang ngamuk natoni tiyang 10. Sampun sawatawis dintên ing dhusun Margorêjo, sacêlakipun Wonokromo, Surabaya, wontên tiyang nama Oembar, asli saking Wonocolo, dhatêngipun ingriku nyarêngi mantri pulisi tuwin lurah dhusun nuju nariki pajêg. Tiyang wau criyos, dhatêngipun ingriku punika lapur bilih ing dhusun ngriku wontên tiyang kêrêngan ingkang pêrlu dipun tulungi pulisi. Mantri pulisi tuwin lurah dhusun wau lajêng dhatêng panggenan ingkang dipun cariyosakên dening Oembar, Oembar lumampah wontên wingking. Ingriku Oembar ujug-ujug lajêng ngunus dêdamêl saha lajêng dipun sudukakên dhatêng mantri pulisi wau, kenging rainipun ngantos gobrah-gobrah. Lurah dhusun lajêng badhe nulungi nanging ugi lajêng dipun dhawahi dêdamêl. Sasampunipun makatên Oembar lajêng mlajêng dipun bujêng ing tiyang kathah, nanging samargi-margi tansah natoni tiyang, ngantos angsal tiyang 10. Salajêngipun Oembar kenging kacêpêng ing pulisi saha têtiyang ingkang kêtaton, botên sapintêna tatunipun. Dene sababipun punapa, dèrèng kasumêrêpan, taksih dados papriksan.

Suntik pèst ing Priyangan. Ing wêkdal punika ing Priyangan nindakakên suntikan pèst ingkang kaping kalih, wontên ing laladan Bandhung tuwin Sumêdhang, dipun tindakakên dening Dr. Thierfelder saking Bandhung. Tumindaking damêl nyuntik punika pinanggih sae. Ing bab suntikan ingkang katindakakên punika gêgayutan kalihan mangsa jawah, awit manawi nuju mangsa jawah punika gampil tuwuhipun sêsakit pèst, saha gampil panularipun. Mila ing sadèrèngipun pêrlu kajagi rumiyin, sampun ngantos nindakakên damêl sasampunipun kêlajêng.

--- 1438 ---

Rêgining pantun tuwin rajakaya ing Lombok mindhak. Miturut wartos rêgining pantun ing Lombok mindhak 15% dene rêgining rajakaya mindhak 25%, nanging pangintunipun rajakaya dhatêng sanès panggenan langkung kathah tinimbang taun kêpêngkêr. Ing bab têtanèn, sarêng wontên tatanan irigatie ing Lombok Têngah, pinanggih saya majêng. Mirid kawontênan ingkang makatên punika, ing Lombok badhe saya majêng.

Prangko Asib. Kawartosakên, sintên ingkang badhe tumbas prangko Asib kathah, panumbasipun sagêd dhatêng pangarsa Plaatselijke Asib Comite (garwanipun para residhèn). Tumrap Bêtawi dhatêng Nyonyah van Loghem, Tanjunglaan 17, telefoon 6174 antawising jam 8 tuwin 9 enjing. Prangko-prangko lami dipun sade wiwit tanggal 1 December 1937 dumugi 9 Januari 1938 ing kantor-kantor post tuwin sanès-sanès panggenan. Pakaryan post suka kamirahan kapurih andamêlakên cap ingkang dipun maligèkakên mawi cap mêsin listrik ing Batavia-C., Bandhung tuwin Surabaya. Cap wau sampun kadamêl badhe kangge wontên ing tanggal 1 dumugi 6 December tuwin saking tanggal 10 December 1937 dumugi 5 Januari 1938 lajêng lêt sadintên, saking tanggal 7 dumugi 9 December 1937 tuwin wiwit tanggal 6 dumugi 9 Januari 1938.

[Grafik]

Lulus saking Landbouw Hoogeschool ing Wageningen. R. Ng. S. Sosrohadikoesoemo, lulus ingeninieursexamen Koloniale Landbouw ing Wageningen. Tuwan punika sampun nate kawartosakên ing bab lulusipun wontên ing pamulangan luhur ing nagari Walandi.

Pindhahan asistèn-residhèn. Tuwan R. Meijers, asistèn-residhèn ing Bondowoso, kabantokakên dhatêng residhèn ing Surabaya, dene ingkang anggêntosi, Tuwan A. Deeleman, asistèn-residhèn ingkang kabantokakên dhatêng residhèn Bondowoso. Dr. B. Ockers, asistèn-residhèn ingkang kabantokakên dhatêng residhèn Surabaya, katêtêpakên dados asistèn-residhèn ing Surabaya, anggêntosi Tuwan L. E. van Hecking Colenbrander, asistèn-residhèn Surabaya ingkang verlof dhatêng Eropa.

Tuwan Nataraj Vashi. Tuwan Nataraj Vashi, bangsa Indhu ingkang nyinau jogèd wontên ing tanah ngriki, sampun wangsul saking Bali badhe wangsul dhatêng Indhu. Wangsulipun wau mampir ing Surakarta, perlu ngampiri paring Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saka Ingkang Wicaksana awarni gong pitu iji tuwin pangangge ringgit tiyang Arjuna, dene paring dalêm K.G.P.A.A. Mangkunagoro awarni gambang tuwin pangangge srimpi.

Lindhu ing Fak-Fak. Kala tanggal 4 wulan punika wanci jam 6.28 ing Fak-Fak kraos wontên lindhu ragi agêng, dangunipun ngantos 1 mênit. Dhatênging lindhu saking Kidul-Mangalèr, kajawi lindhu ing dharatan, ing sagantên inggih ngantos kocak ngawontênakên ombak ingkang inggilipun 1 m. Têtiyang ing ngriku sami mêdal saking griya.

Panyadean sarêm. Wontên wartos, Pakaryan Sarêm sampun nandhatangani sêrat prajanjian kalihan Jêpan, kangge ngladosi sarêm saking Madura kathahipun 25.000 ton. Ing sawatawis wulan kêpêngkêr sampun ngintunakên sarêm 15.000 ton. Kirangipun ingkang 10.000 ton badhe kakintunakên wontên ing wulan punika. Tumrap panyadean agêng ingkang makatên punika, mikantuki sangêt dhatêng têtiyang ing Madura, kintên-kintên angsal-angsalaning epahan têtiyang ingriku ngantos f 400.000.

Wontênipun tiyang ingkang ngajal ing Bêtawi Batavia-C. tuwin Mr. Cornelis. Ing salêbêtipun wulan Juni taun 1937 wontênipun tiyang ngajal ing Bêtawi Batavia-C. tuwin Mr. Cornelis, tumrap bangsa Eropa 35, ing salêbêtipun wulan Juli, Augustus tuwin September wontên 104. Tumrap tiyang siti, ing wulan Juni wontên 1022, wulan Juli, Augustus tuwin September wontên 3223. bangsa Tionghwa, wulan Juni wontên 148, wulan Juli, Augustus tuwin September wontên 430. bangsa Arab tuwin sanès-sanèsipun, wulan Juni 26, Wulan Juli, Augustus tuwin September wontên 41.

Examen vroedvrouw. Kala wulan kêpêngkêr ing C.B.Z. ing Bêtawi kawontênakên Examen vroedvrouw, tumrap murid saking I.E.V. Vereeniging De Twee Kruisen wontên murid 6 ingkang tumut examen, sadaya lulus, inggih punika nonah-nonah E.H. Wasch, Yap Djioe Kiok, J. Tan Tjian Nio, Kho Lan Hoa, Doepi tuwin Rr. Soepiah.

NAGARI WALANDI

Pêdhut kandêl. Sampun sawatawis dintên ing nagari Walandi sisih Kilèn wontên pêdhut kandêl sangêt, ngantos anjalari sandening kapal ingkang badhe bidhal cacah 8 kalêbêt kapal Johan van Oldenbarnevelt, kapal wau sami badhe bidhal dhatêng Indiya, kêpêksa lajêng kèndêl wontên Noordzee Kanaal antawising Hemburg kalihan Velzerburg. Makatên ugi lampah anggênana ing Schiphol amanggih karisakan kathah, ing Waalshaven, motor-motor mabur kêpêksa sami mandhap wontên ing papan anggêgana ing Twente.

EROPA

Jean Batten. Royal Aero Club anyukani mêdhali êmas dhatêng juru anggêgana Jean Batten saking Australie, minangka pamaargya anggèning anggêgana têbih tuwin ngluhurakên darajating anggêgana Inggris salaladanipun.

Bangsa Yahudi kaawisan malêbêt dhatêng Turki. Ing wêkdal punika Turki sawêg ngrancang anggêr-anggêr kangge ngawontênakên awisan têtiyang Yahudi malêbêt dhatêng Turki, kajawi bangsa têtiyang pangajaran inggil tuwin para ahli yêyasan. Rancangan wau dipun ajêngakên dening ministêr babagan Têtanèn Topraki. Ing kala jaman kèngsêripun bangsa Yahudi saking Jêrman, Turki nganggèkakên professor bangsa Yahudi 100.

Rumiyin anggêgana sapunika amblês. Kawartosakên Professor Piccard ingkang misuwur ing Bèlgie, ingajêng ngayati damêl ballon ingkang sagêd anggêgana ngantos dumugi ing lapisaning gêgana ingkang inggil piyambak. Ing sapunika santun ada-ada badhe nyatakakên kawontênan salêbêting sagantên, ingkang lêbêt piyambak. Professor wau badhe nyobi slulup ingkang lêbêt piyambak ngantos 9000 m. Ing rancangan badhe mawi ambêkta timah, supados dados awrat, samangsa badhe minggah, timah wau lajêng kabucal, dados kadosdene ambucal bandhul. Dene anggènipun nyobi benjing punapa, dèrèng wontên wartosipun ingkang têtêp.

--- 1439 ---

Wêwaosan

III. Lêlampahanipun Ilya.

25

Sasampunipun cariyos makatên wau, Ilya lajêng nyêmêthi kapalipun, ingkang lajêng ambandhang rikat sangêt, ngantos sakêdhap kemawon Akulinah lan anak-anakipun sadaya sampun botên sagêd sumêrêp malih. Kadosdene jêmparing ingkang kalêpasakên saking gandhewa lampahing kapal mêdal tuwin lumêbêt ing wana, punapadene anglumpati lèpèn pintên-pintên. Saking rikating lampahipun kapal wau, dèrèng ngantos sêrap sampun dumugi ing ngajêng gapuraning kitha Kiyèf. Ilya enggal lumêbêt ing kitha, sarta ingkang kajujug rumiyin, inggih punika ing greja. Sadumuginipun ing ngajênging greja, kapal lajêng kacancang, dene piyambakipun piyambak, kanthi ajrih lan angaji-aji lajêng lumêbêt ing greja, prêlu manêmbah ing Pangeranipun. Awit mênggah ingkang dados raosing manahipun, botên sanès kajawi namung makatên:

Adhuh, adhuh, aku rumasa dosa bangêt, dene aku kêpêksa cidra ing janji, yaiku: agawe wutahing gêtihe manusa, kang jalaran tak lêpasi panahku iki, mulane sadurunge aku sowan ing ngarsane Prabu Wladhimir, utamane aku tak nyuwun ngapura dhisik marang Ingkang Murbèng Kuwasa.

Wontên ing salêbêtipun greja ngriku, Ilya lajêng nêdha dhatêng pangagênging agami supados puruna angimani anggènipun badhe anêmbah Pangeran, prêlu nyuwun ngapuntên anggènipun sampun cidra dhatêng prasêtyanipun ing ngajêng, ing ngriku inggih lajêng kalampahan, kanthi ajrih saha angaji-aji sangêt, Ilya manêmbah ing Pangeranipun nyuwun ngapuntên mênggah ingkang dados dosanipun. Sasampunipun rampung, Ilya lajêng pamitan dhatêng pangagênging agami, enggal-enggal nyengklak kapalipun, saha lajêng anglajêngakên lampahipun anuju dhatêng kadhatonipun Prabu Wladhimir.

3. Ing kadhatonipun Prabu Wladhimir

Kacariyos, sarêng Ilya lumêbêt ing gapuraning kadhaton anjog ing plataran, ing ngriku sampun sêpên. Awit para satriya sampun sami wontên ing bangsal sami boja andrawina, dene para abdi dalêm ingkang kajibah nampi tamu, ingkang sami botên gadhah pangajêng-ajêng bilih badhe wontên tamu malih, sampun sami ngêmpal wontên ing satunggiling papan ingkang maligi kangge para abdi dalêm. Ilya nuntên anancang kapalipun wontên ing salah satunggiling saka ing ngriku, saha lajêng nuju dhatêng ing bangsal. Piyambakipun minggah ing undhak-undhakan marmêr, ambikak kori ingkang anjog ing bangsal saha lajêng lumêbêt ing bangsal ngriku, ing kala punika Prabu Wladhimir tuwin para tamunipun sadaya sampun wiwit boja andrawina. Ing sadèrèngipun, Ilya atur tôndha sarana anyêdhakêpakên tanganipun rumiyin, minôngka tôndha bilih piyambakipun satunggiling tiyang ingkang angrungkêbi agami Kristên, saha lajêng andhingklukakên badanipun, kadosdene cara-caranipun ing salêbêting kadhatonipun Prabu Wladhimir. Andhingkluk ingkang kapisan punika tumuju dhatêng sang prabu tuwin sang pramèswari, andhingkluk ingkang kaping kalih, dhatêng para Pangeran, andhingkluk ingkang kaping tiga, dhatêng para prajurit tuwin para satriya, dene andhingkluk ingkang kaping sakawan, punika tumuju dhatêng para tamu sanès-sanèsipun.

Sarêng Prabu Wladhimir uninga dhatêng tamu ingkang mêntas dhatêng punika, enggal-enggal lajêng andangu makatên:

He, satriya kang lagi prapta. Aja wêdi lan rikuh tumuli majua ing ngarsaningsun kene, saka nagara ngêndi aslinira, sapa aranira, lan sapa wong tuwanira.

Ilya amangsuli:

Dhuh gusti pêpundhèn kawula, ingkang anguwaosi ing praja Ruslan, mênggah asli kawula punika saking dhusun Karansaro, ingkang papanipun botên têbih saking kitha: Murom. Kula punika prajurit Ruslan, sanadyan namung anaking tiyang tani kemawon, dene nama kawula punika pun: Ilya, anakipun tiyang tani nama: Iwan.

Prabu Wladhimir lajêng dhawuh dhatêng salah satunggiling abdi, supados amaringana gêlas agêng isi anggur dhatêng Ilya, salajêngipun, Ilya ayandhak gêlas agêng isi anggur pêparingipun sang prabu wau, lan kanthi bingah lan lêganing manahipun, saha piyambakipun lajêng ngucap makatên: mugi-mugi gusti pêpundhèn kawula, Prabu Wladhimir, kaparingana panjang ing yuswa. Sasampunipun anggur sagêlas agêng wau lajêng namung dipun ombe saclêgukan kemawon. Sasampunipun makatên, Ilya lajêng andhingklukakên badanipun ngantos adhap sangêt sarta anyèlèhakên gêlasipun wontên ing meja.

Badanipun Ilya ingkang jajag dhasar gagah prakosa punapadene rainipun ingkang katingal padhang, adamêl rênaning panggalihipun Prabu Wladhimir, ing salajêngipun sang prabu nuntên andangu makatên:

Andadèkake bungahing panggalih ingsun, dene sira wis sowan ana ing ngarsaningsun iki. Saiki sira matura marang ingsun, kapan pangkatira saking kutha Murom, lan tumêkamu ing Kiyèf iki mêtu dalan ing ngêndi.

Ilya amangsuli:

Kala kawula wontên ing Murom, kawula aprasêtya lampah kawula [ka...]

--- 1440 ---

[...wula] saking Murom dumuginipun ngriki punika sagêda namung lampahan tigang jam. Ananging wontên ing margi kawula amanggih pambêngan warni-warni, ngantos sawêg samangke kawula sagêd sowan wontên ing ngarsa nata pêpundhèn kawula. Mênggah lampah kawula wau mêdal ing margi agêng, ingkang anglangkungi Cèrnigop. Saking ing ngriku lajêng ngambah ing wana Brinêski, anglangkungi wit agêng ingkang sampun kacêluk awon, tuwin anglangkungi lèpèn Somorodihana ingkang kacariyosakên saklangkung ambêbayani, inggih wontên ing ngriku punika anggèn kawula amanggih bêbaya warni-warni.

Para tamu sadaya sami gumun mirêng aturipun tamu enggal ingkang makatên punika, saha sadaya lajêng sami nyawang dhatêng Ilya. Satunggal-satunggalipun tamu lajêng sami sawang-sinawang sarta mèsêm, ing sêmu sami botên pitados dhatêng sadaya aturipun Ilya wau, nanging botên wontên ingkang purun ngucap, sadèrèngipun Prabu Wladhimir angandika. Namung Alyasa, ingkang botên sagêd ngampêt ingkang dados bêbatosanipun, sarta lajêng ngadêg saking palinggihanipun saha lajêng matur dhatêng sang prabu makatên:

Dhuh, gusti pêpundhèn kawula, kaparênga kawula matur ing ngarsa nata. Satriya ingkang mêntas sowan punika, goroh dhatêng panjênêngan nata, punapadene dhatêng kawula sadaya. Kadospundi anggènipun sagêd kalampahan, ingatasipun tiyang anakipun tiyang tani, ingkang sanadyan ngakêna dados prajurit, nanging salêrêsipun dèrèng katitik mênggahing kaprawiranipun, têka purun nyariyosakên, bilih lampahipun wau anglangkungi ing kitha: Cèrnigop. Ing môngka kawula piyambak mêntas nampi wartos ingkang kabêkta ing playangan, bilih ing samangke kitha wau sawêg kakêpang wakul binaya mangap dening mêngsah ingkang tanpa wicalan cacahipun. Manawi ingkang angakên prajurit punika, sayêktos lampahipun mêdal ing kitha wau, têmtunipun rak sampun dangu dados tawananipun mêngsah, utawi sampun pêcah sirahipun, gumlethak wontên ing siti dados mangsanipun pêksi êngkak tuwin dhangdhang. Kajawi punika margi mêdal ing wana Brinêski punika sampun kêbak rawa. Sintên kemawon ingkang ngambah ing ngriku, botên kenging botên têmtu badhe tiwas jalaran kasêrot ing êmbêling rawa wau. Sawêg bangsaning truwèlu kemawon botên sagêd ngambah ing rawa ngriku, punapa malih satunggiling prajurit ingkang mangangge sarwa waja makatên, botêna lajêng amblês sakapal-kapalipun pisan. Kajawi saking punika, piyambakipun ngaturakên, bilih lampahipun wau mêdal ing sacêlakipun wit agêng ingkang kasuwur mênggahing wingitipun, mêdal ing lèpèn: Somorodihana, lan sasaminipun. Ing môngka ing ngriku punika papan dunungipun rêrêgêding donya, pun begal Solowe, ingkang manawi sumêrêp tiyang saking katêbihan, lajêng ngêrik kados rasêksa, anggêrêng kados sato galak, sarta ngakak kados naga. Dening suwaraning begal Solowe ingkang makatên wau, limrahipun sadaya pasukêtan sami bosah-bosih, sadaya sêsêkaran sami rontog saking pangipun, wit-witan ingkang angrêmbuyung gêgodhonganipun, sami tumungkul ngantos dumugi ing siti, lan têtiyang ingkang botên têbih saking ngriku, sami dhawah pêjah kados sinambêr ing blêdhèg. Kadospundi sagêdipun tiyang punika sakapalipun wilujêng botên kirang satunggal punapa.

Ilya botên ngêntosi dhawuh pangandikanipun sang prabu, nanging lajêng umatur makatên:

Dhuh, gusti pêpundhèn kawula, Prabu Wladhimir, mênggah aturipun abdi dalêm prajurit punika pancèn inggih lêrês sadaya. Namung pun begal Solowe samangke sampun botên wontên ing papan padununganipun ing wit agêng pojok tiga, samangke sampun gumandhul wontên ing sônggawêdhinipun kapal kawula, ingkang samangke kawula cancang wontên ing saka plataran kadhaton sisih ngajêng. Kawula lêpasi jêmparing, saha kenging mripatipun ingkang sisih têngên. Sasampunipun lajêng kawula tawan, tuwin kawula bêkta dhatêng Kiyèf ngriki, prêlu kawula caosakên dhatêng gusti pêpundhèn kawula, Prabu Wladhimir.

Sarêng Prabu Wladhimir mirêng aturipun Ilya ingkang makatên punika, sang prabu enggal-enggal jumênêng saking palênggahanipun, sarta kanthi kadhèrèkakên sang pramèswari, lajêng enggal-enggal jêngkar nuju dhatêng plataran kadhaton ingkang sampun kaaturakên dening Ilya wau. Awit sang prabu pancèn sampun uninga, bilih sampun kathah para satriya tuwin para prajurit ingkang sami nyobi ananggulangi kridhanipun Solowe wau, nanging tanpa damêl, malah sadaya wau sami tiwas pinêjahan ing begal wau. Makatên ugi sang pramèswari sampun asring mirêng dêdongenganipun begal Solowe ingkang saklangkung ambêg siya wau, amila inggih sangêt-sangêt anggènipun kapengin nguningani wujuding begal punika, ing batos sang putri tansah anguda raos, salaminipun wontên ing Kiyèf, têka sampun anguningani lêlampahan ingkang anèh-anèh pintên-pintên. Ing ngriku nyata, bilih dongèng-dongèng kina ingkang asring kangge cêcriyosan wontên ing salêbêting kadhatonipun ingkang rama, punika têka lajêng atingan tanpa têgês, ing nagarinipun piyambak ing Litowên, sang putri asring mirêng mênggahing kakêndêlan tuwin kaprawiranipun para prajurit kina, nanging sadaya wau manawi kapandhing kalihan wontênipun ing kitha Kiyèf, sayêktos dèrèng paja-paja angiribi. Jalaran saking punika amila sang pramèswari ugi lajêng enggal-enggal jêngkar saking ngriku tumuju dhatêng plataraning kadhaton wau. Sarêng sang prabu tuwin sang pramèswari sami jêngkar, sadaya para pangeran, para prajurit, para satriya tuwin para tamu sadaya, inggih lajêng sami ngadêg saking palinggihanipun, prêlu andhèrèkakên tindakipun sang prabu tuwin sang pramèswari, aningali kawontênanipun ing plataran kadhaton. Salajêngipun sadaya wau nuntên angubêngi kapalipun Ilya ingkang kacancang wontên ing saka antawisipun para prajurit ingkang wontên ing ngriku, ingkang sampun nyata kêsuwur mênggahing kêkêndêlan lan kaprawiranipun, inggih punika: Samson, Suhan, punapadene satriya: Dhubrinya, sarta Alyasa kasêbut ing nginggil. Kajawi punika ugi sadhèrèk pitu ingkang kacêluk nama: Sorodhowit, sadhèrèk kalih nama: Sapilowi, tuwin satriya ingkang sampun kondhang nama: Salyasa.

Badhe kasambêtan.

--- 177 ---

No. 45, taun VIII.

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI: BU-MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM. RÊGANE SATAUN F 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN. BAYAR DHISIK, LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

MANGSULI LAYANG

Soetardi, Bawang. Pitêpunganmu wis daktampa kanthi bungah. Di, bênêr ing Bawang sêpi, nanging hawane kêpenak, adhêm. Apa manèh banyu pancuran, Di, wah sêgêre. Aku banjur kêpengin nyang Bawang pêrlu andon adus. Sukur, dene mbakyumu saiki ginanjar slamêt, waras ora kaya nalikane isih ana ing Kêdungwuni, tansah laranên bae. Di, yèn pinuju ora duwe huiswerk, nglayangana ibumu manèh.

Siti Hardjanti, Sri Soedèwi, Djakawidjijatma, Soepanasari, Wonosari, Ngayogya. Pitêpunganmu wis daktampa kanthi sênêng lan karanganmu uga wis kêtampan.

Sanjoto, Gondhangdia, Batavia-Centrum. Aku wis tampa layangmu tutupan karo-karone, sing siji isi lêlucon lan cangkriman, dene sijine karangan dêdongengan, ora liya bangêt panrimaku. Nanging sing bab kacamata, sarèhne wis kaprah bangêt ora bisa kapacak, muga aja pisan dadi atimu.

Uncle Sum Box 404 Singapore. Wah bangêt andadèkake bungahing atiku kokirimi layang tutupan têlu pisan, sing siji isi karangan dongèng lan lêlucon, sijine uga karangan manèh, dene sijine koran "The Sunday Tribune". Karangan sing têkane kari dakpacak dhisik, dene sing dhisik besuk liya dina bae, ya? Salammu sing dititipake nyang Soeharta uga wis daktampa kanthi sênêng.

Soebarti, Cirêbon. Layangmu kang isi karangan lêlucon wis daktampa, bangêt panrimaku.

M. Rachmat. Aja pisan dadi atimu karanganmu lêlucon ora bisa kapacak, awit kurang apik.

Sriharti, Sleman, Mêdari, Ngayogya. Aku ora rumasa nampa layangmu, upama aku tampaa sanajana kasèp, rak ya mêsthi dakwangsuli. Nanging dakpikir-pikir, bisa uga layangmu kuwi wis ditampa nang rama redacteur, nanging sarèhne kurang prayoga ora kapacak, lan layang nyang bu Mar ora diwènèhake, awit kurang prayoga uga, miturut ukara lan têtêmbungane kang katulis ing layang nyang bu Mar kuwi, têtêmbunganing ratu ing kêthoprak nyang rerehane (patih), anggone basa ya: niki, niku, ngotên lan napa. Yèn arêp ngoko, ya ngokoa babar pisan, yèn arêp kromo ya sing bênêr sisan, dadi kulina.

Boentarta, Sêmarang. Karanganmu sing isih, loro, ora bisa kapacak, bêcike ngirimana karangan liyane manèh. Panulismu sing dhisik, ya wis sêdhêngan kandêl tipise.

Soepartinah. Limpung. Pitêpunganmu wis daktampa kanthi bungah. Sukur yèn kowe saiki langganan Kajawèn. Upama anggonmu dadi langganan wiwit sasi October, bayare manèh ya besuk Januari. Ibumu tansah ngarêp-arêp layangmu manèh.

As. Tumênggungan, Surakarta. Bangêt panrimaku kowe mêrlokake ngirimi layang nyang bu Mar. Iya, aku mula êntas ndhèrèk nyang Kêbumèn, nanging ora nyang Borobudur, awit wis kêrêp mrana.

Sri Koenarti, Pacarkêling, Tambangbaya g. 3 No. 48 Surabaya. Aku wis tampa layang pitêpunganmu kanthi sênênging atiku. Yèn kowe arêp milu ngisèni Taman Bocah, ya mung ngirimana karangan bae nyang bu Mar, ora susah nganggo bayar dhisik, mung bayar francone bae. Dene yèn kowe arêp milu langganan T.B. kuwi kudu bayar f 0,75 ing dalêm nêm sasi. Potrètmu mula ya wis ana dalême R.A. Soewarsi.

S. Broto, Kadipira, Ngayogya. Kowe saiki olèh liburan 35 dina, la kok ora plêsir nyang Bêtawi. Niyatmu banjur arêp plêsir nyang êndi bae?

Karanganmu wis kêtampan, bangêt panrimaku.

M. Diesel, Magêlang. Aku wis matur nyang rama Redacteur, bab "Kêjawèn" kang kotampa sabên-sabên tampane wis bukakan.

Nanging kowe apa ora wani matur dhewe nyang ndara asistèn bab iku, nyuwun supaya panjênêngane bêndara asistèn dhawuh marang para punggawa kantor supaya aja dibukak dhisik. Sabab upama anggone ngêlim sêntosa, mangka ya mêksa dibukak lan kowe mênêng bae, kuwi pangirane para punggawa kowe diarani lila bae.

Sri Hartini, Cèpèr. Aku wis tampa layangmu, bangêt panrimaku. Aku iki dudu bu Siti Mariyam, wis dikandhani dudu, kok tansah ngarani bae. Bu Siti Mariyam kuwi dalême ana ing Bogor, balik bu Mar ing Bungur.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar.

--- 178 ---

SAWANGAN GUNUNG LAWU

[Grafik]

Sêdulur-sêdulurku, ndhuwur iki ana gambare pak Suta karo pak Naya bêbarêngan angon babi. Anggone angon sêmbrana, ditinggal slewengan wae, babine ilang ora karuwan. Wong loro mau judhêg bangêt, mangka babine mung siji ndil. Sing padha nggolèki rukunan, siji ngalor, sêjinesijine. ngidul, mêksa padha ora olèh gawe.

Bocah-bocah ayo padha ewangana nggolèki êndi sing jênênge pak Suta karo pak Naya lan babine siji sing ilang mau.

S. Har, Surakarta

WANGSULANE BOCAH NAKAL

Bapa : "Ana apa Ya, kowe ora mlêbu sêkolah?"

Kiya : "Aku wêdi karo pak guru."

Bapa : "Apa pak guru nakal?

Kiya : "Dhèk wingi naboki bocah nganti nangis."

Bapa : "Ana apa kowe ndadak wêdi?"

Kiya : "Aku wêdi, jalaran mêsthi bakal diukum."

Bapa : "Salahmu apa diukum?"

Kiya : "Dhèk wingi ... aku naboki bocah nganti nangis."

Bapa (rada nêsu): "Dadi kowe sing naboki bocah nganti nangis? Dakkira pak guru. Iya ngati-ati, mêngko kowe mêsthi dakaturake pak guru karêbèn diukum.

Timan

KÊDUWUNG BARÊNG

Ana santri têlu A.B.C., padha lêlungan ing laladan liya. Antara jam 1 awan durung nêmu desa, ora suwe wêruh langgar, banjur padha bungah atine, têrus padha wulu ing kulah kang wis sumadhiya, mlêbu ing langgar kabênêran ora ana wong liya. Wong têlu padha rêmbugan sapa kang dadi imam, pêpuntoning rêmbug, A kang ngimami, banjur padha salat. Têngah-têngah salat ana curut tiba, kêbênêr sandhinge santri C, C ora eling lagi salat, banjur aruh-aruh: Curut kok tiba. A nyambungi: "Wong sêmbahyang dituturi aja omong-omong kok omong-omong." B muni dhewekan: "Dadi aku dhewe kang ora omong."

Wusana têlu pisan padha kêduwung atine.

Soebarti

PASA

Bocah-bocah mêsthine saiki padha pasa, nanging kiraku akèh sing mung milu-milu bae, ora wêruh apa paedahe. Mulane Uncle Sum arêp nêrangake sathithik bab iki. Pasa iku kajaba bêcik kanggo nurut apa kang kadhawuhake ing Quran, uga luwih apik manèh kanggo kawarasan, sabab sing lumrah wong kuwi olèhe mangan kakehan bangêt, apa manèh yèn sugih (Manut paniti, luwih akèh wong mati jalaran kakehan mangan tinimbang wong mati kalirên). Saking akèhe panganan ing jêro awak, wêtêng nganti ora kobêr giling apa kang kajêjêlake mlêbu, luwih-luwih yèn wonge kêsèd, ora tau nyambutgawe abot utawa ulahraga. Panganan kuwi digiling dadi rong perangan:

a. diarani kakuwatan, b. diarani ampas. Yèn anggone mangan kakèhan têrus-têrusan, awake ora duwe wayah kanggo mbuwang ampas mau, dadi padha nglumpuk ing jêro. Mangka ampas kuwi ngêmu racun, ing mulane yèn ora enggal dibuwang, awake dadi saya suwe saya akèh racune, têmahan wonge lara. Nanging yèn kowe kadhingkala pasa, wêtêngmu bisa kobêr ngêtokake ampas sing mbêbayani mau. Pakolèhe: kowe bisa mundhak waras. Mulane yèn kowe dudu wong Islam, utawa yèn wong Islam ora pati mêrduli marang kuwajibane, sêthithik-sêthithike sêpisan sêsasi mêrlokna pasa kaya Uncle Sum dhewe. Manut carane Mussolini, pasa kuwi uga kêna kanggo nulak lêlara. Anggêr awake krasa ora kêpenak, dhèwèke têrus pasa 24 jam, mêsthi ilang rasane sing pating krêkês mau, ora sida têrus ambruk. Wis 10 taun Mussolini ora tau mambu "dhoktêr". Dêlokên awake, kêntut apa ora?"

Mulane wêlingku marang kêponakanku kabèh, ing dalêm sasi iki pasaa sêdina rong dina lan kadhingkala uga mêrlokna, sanadyan sasine dudu sasi pasa.

Uncle Sum, Singapore.

--- 179 ---

CRITANE KÊTHÈK LAN BULUS

(Candhake)

Kêthèk calathu: "Pêrduli apa pagêre pak Tani, aku rak ya bisa mbopong kakang munggah pagêr kuwi, ta."

Wangsulane si bulus: "O, dudu kuwi sing dakrêmbug, sing dakwêdèni mung yèn pak Tani têka, gèk priye anggonku lumayu?"

Calathune si kêthèk: "Iku pêrkara gampang, kakang dakbopong mlumpat pagêr lan banjur dakgawa mènèk wit-witan; pak Tani mêsthi ora bisa nyandhak aku."

Bulus calathu: "Yèn mangkono, iya bêcik lan apa kowe wani sumpah?"

Wangsulane kêthèk: "Iya aku pinaringana kithing, yèn ora nêtêpi janji!"

Calathune si bulus: "Iya bêcik."

Sawise mêngkono karo-karone padha lumaku mênyang kêbone pak Tani. Barêng têkan ing kêbon iku, si kêthèk mbopong si bulus, digawa mênyang jêro pagêr banjur karo-karone padha ngundhuhi jae. Barêng wis padha warêg anggone mangan jae banjur si kêthèk bêngok-bêngok mangkene: "Pak Tani! Pak Tani! Wah jaene pêdhês bangêt, pak Tani!".

Bulus calathu: "Eeee! Mênênga cangkêmmu, yèn pak Tani krungu rak kêtiwasan!"

Calathune si kêthèk: "Wah, kok mêrduli têmên karo dhèwèke! Apa aku ora bisa mènèk sing dhuwur karo nggendhong kakang, takgawa mêndhuwur. Yèn wis têkan ing dhuwur, rak ya ora ketok, ta?"

Si kêthèk bêngok-bêngok manèh: "Wah pêdhêse jaene!" Kabênêran pak Tani lagi bali êntas nagih utang ora entuk dadi muring-muring. Barêng krungu suwarane si kêthèk, dadi saya wuwuh nêsune pak Tani, calathune: "Apa kandhane iku? Wah, saiki aku ngêrti, mêngko dakajar kowe ya!" Pak Tani nuli mlêbu ing kêbone, barêng mêngkono si kêthèk banjur mlayu mènèk wit-witan kang ana ing sacêdhake. Si bulus kèri ing kêbon, banjur ndhêlik ing sukêtan.

Calathune si kêthèk: "E bulus! Saiki rasakna landhêpe ladinge pak Tani!"

Si bulus banjur ora kawêruhan dening pak Tani, nanging si kêthèk kang nuduhake pandhêlikane si bulus mau karo bêngok-bêngok mangkene: "Ing kono pandhêlikake si bulus, nlusup ngisor wit jae, bokonge ketok muncul, bêlèhên bae kuwi!"

Ora antara suwe si bulus kawêruhan dening pak Tani, banjur dicêkêl, nuli diuncalake ing dalan karo calathu mangkene: "Saiki tak ajar kowe!" Pak Tani banjur ngunus lading arêp kanggo mbêlèh bulus. Ing kono si bulus wêdi bangêt, nanging ora suwe dhèwèke calathu marang pak Tani: "He, pak Tani, yèn kowe arêp nyêmbêlèh aku aja kêsusu. Apa pak Tani arêp mangan dagingku mêntah-mêntahan? Rak ya ora enak rasane, yèn ora dibumboni dhisik, banjur diolah, yèn uwis matêng kanthi dibumboni, nêmbe enak dipanggang dagingku iku."

Calathune pak Tani: "Bagus. Apa kokira aku iki bocah cilik kêna diapusi? Yèn aku lunga nyang pasar tuku bumbu, kowe mêsthi minggat."

Calathune si bulus: "Apa iya aku minggat, yèn pak Tani ora pitaya, aku jirêtên, lan gantungên ing ngêndi sakarêpmu."

Ana candhake.

MAIN MUSIK

[Grafik]

Ing dhuwur iki gambare murid-murid sêkolah I.N.S. ing Kayutanam, Sumatra Kulon, lagi main musik. Murid-murid mau kêjabane diwulang: nênukang, anggarap kayu utawa wêsi, anam-anam lan liya-liyane manèh, uga pêrlu disinaoni main musik kang sarana nganggo noot barang; malah pêmaine akèh wong sing padha ngalêm, jalaran padha pintêr-pintêr.

Yèn ngèlingi bangsaning ulah krawitan iya iku gêndhing, ora dupèh-dupèh bocah, uga ora kurang kang padha bisa nabuh, malah padha-padha nabuh, ing besuk dadine, têrkadhang malah bêcik kang disinau ing bocah, tumanême kayadene dadi dhêdhasar.

Mangkono uga ing bab gêndhing Jawa, yèn disinau wiwit bocah, dadine iya luwih bêcik. Mung kuciwa bocah-bocah ing jaman saiki, lumrahe padha dhêmên mênyang têtabuhan musik, akèh kang cotho mênyang gêndhinge dhewe. Nanging nyatane ing saiki uga wis akèh bocah-bocah Jawa kang padha sinau gêndhing lan jogède dhewe.

--- 180 ---

KULDI, SAPI LAN WONG TANI

Ana sawijining Sudagar sugih, anduwèni lêmah pirang-pirang bau lan ngingu kewan warna-warna. Dene sing kapasrahan ngopèni kewan-kewan mau sawijining wong tani. Kacarita ki Sudagar iku bisa ngêrti omonging kewan kabèh, ananging nganggo pêrjanjian ora kêna crita karo sapa bae. Yèn dhèwèke nganti kêlakon malèhake wêwadi mau, dhèwèke mêsthi bakal apês, tumêka ing pati. Anuju sawijining dina ana sapi lan kuldi manggon dadi sakandhang lagi mangan barêng-barêng. Ki Sudagar pinuju lungguh ing sacêdhake disambi nyawang anak-anake kang lagi padha dolanan, dumadakan krungu sapi mau calathu marang kuldi mangkene: "E mitraku, kowe pancèn bêgja tênan, daksawang-sawang kowe bisa ngaso sakêpenakmu sarta pagaweanmu sarwa ènthèng. Manungsa padha anjaga kowe kanthi ngati-ati, kowe didusi rêsik sarta diwènèhi pangan enak lan banyu ngombe kang bêning. Pagawean kang abot dhewe mung kala-kala anggèrèd ki Sudagar, yèn kêpêksa kudu lêlungan. Yèn ora mêngkono sabên dina ya mung thênguk-thênguk bae, mangan lan turu.

Balik kaananku iki seje bangêt. Bêngi têngah wêngi aku ya kudu nggèrèd wluku. Wah rêkasane ora jamak, nganti aku sok kêntekan kêkuwatan. Lan manèh wong tani kang mlaku ana ing buriku ora lèrèn anggone mênthungi aku. Sabab saka narik wluku sabên dina tanpa lèrèn, guluku nganti kari balung lan kulit. La wêkasane, sore yèn aku mulih saka sawah, aku mung diwènèhi sukêt lan kacang garing. Lan saka cilaka manèh, yèn aku wis warêg anggonku mangan pangan kang ora menginake, aku kêpêksa bêngine turu ana ing tlethongku dhewe. Kowe dadi ngêrti ta, yèn ana èmpêre, dene aku mèri nyang uripmu kuwi."

Kuldi ora nyêlani omonge si sapi, barêng wis lèrèn anggone caturan, kuldi nuli calathu marang sapi mangkene: "O, la wong kowe bodho, dikapak-kapakake ya mung tansah manut bae, ora anduwèni kêkêncêngan dhewe. Pak Tani ora bakal anduwèni patrap mangkono, yèn kowe kêndêl upamane: Yèn kowe dicêncang ing kandhang, genea kowe ora mbalela ora mbijig-mbijig karo sungumu, ora kêconcalan sikilmu? Genea kowe ora bêngak-bêngok agawe wêdining pak Tani? Satêmêne kowe rak pinaringan dalan supaya awakmu kajèn, nanging ora tau koklakoni. Yèn kowe diwènèhi sukêt lan kacang garing, ya aja kokpangan, ambus-ambusên bae, nanging ênêngna bae. Yèn kowe gêlêm nurut apa sing dadi pituturku, kowe mêsthi bakal ngrasakake sênêng, uripmu bakal beda bangêt karo sing wis koklakoni."

Pituture si kuldi dirungokake lan di rasakake kanthi têmênan dening sapi mau, nuli clathu: O, iya, bangêt panrimaku, kabèh pituturmu bakal dakturut."

Esuk umun-umun pak Tani têka ing kandhang pêrlu marani sapi arêp dipasangi wluku. Sapi kang ora lali marang pituture si kuldi, ing dina iku bangêt anggone budi. Lan sorene barêng digawa mulih nyang kandhange, lan barêng arêp dicancang, sapi mau banjur mbangkang sarta mundur-mundur karo bêngok-bêngok lan masang sungune arêp mbijig pak Tani. Cêkake apa kandhane si kuldi dilakoni kabèh. Esuke pak Tani marani sapi manèh kaya adat sabên. Ananging barêng wêruh kandhange isih kêbak sukêt lan kacang, kang disêdhiyakake dhèk bêngine lan sapine ngglethak karo mênggèh-mênggèh, pak Tani banjur ngira manawa kewan mau nandhang lara. Dhèwèke nuli thukul wêlase, mulane banjur ora digawa mênyang sawah, banjur enggal-enggal awèh wêruh mênyang ki Sudagar.

Ki Sudagar ngêrti, yèn pituture si kuldi kang ora prayoga mau diturut, nuli thukul pamikire nêdya arêp niksa si kuldi, supaya kapok, calathune marang pak Tani: "Saiki gênti si kuldi konên narik wluku."

Pak Tani nurut apa pakone bêndarane. Kuldi dipêksa narik wluku sadina muput; iku luwih agawe sayah tumrape si kuldi, sabab ora kulina nglakoni pagawean mangkono. Lan manèh ora lèrèn-lèrèn pak Tani anggone nyambuki, nganti barêng têkan ing kandhange, ora bisa ngadêg manèh saking sayahe.

Kacarita sapi mau sênêng bangêt; kabèh pangane ing kandhange êntèk dipangan lan bisa ngaso sadina. Ing batin bangêt bungahe, dene dhèwèke nurut omonge si kuldi. Barêng wêruh kuldi têka, banjur enggal awèh panarima lan ngalêm nyang kabêcikane si kuldi mau.

Kuldi ora mangsuli apa-apa; dhèwèke gêtun bangêt, têka disiya-siya mangkono.

Ing batin calathu mangkene: "Aku dadi cilaka kaya ngene iki sabab saka kurang ngati-ati, biyèn uripku sênêng, tansah tinurutan apa sing dakkêpengini, salahku dhewe, dene saiki aku kaya ngene. Yèn aku ora golèk akal luwar saka sangsaraku, mêsthi nganti dadi patiku." Nalika iku awake si kuldi krasa lêmês bangêt, kaya dene wis ora duwe kêkuwatan babar pisan, nganti niba ing jêro kandhange.

Ki Sudagar barêng krungu kuldine nandhang sangsara, banjur kêpengin wêruh, bakal kapriye kêdadeane si sapi lan si kuldi. Mulane bêngi-bêngi, sawise mangan, sarèhne padhang bulan, mlaku-mlaku karo bojone, têrus marani kandhange kewan loro mau. Barêng têkan ing panggonane, krungu pitakone kuldi marang sapi mangkene: "Mitraku, mara kandhanana aku, yèn sesuk pak Tani nyadhongi pangan, kowe nêdya kapriye?"

Ana candhake.

--- [1441] ---

Ôngka 92, Rê Lê, 14 Pasa, Ehe, 1868, 17 Nopèmbêr 1937, Taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - adminsitrasi Balepustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Martapura - Pawicantênan cara Jawi saha cara Walandi - bab siyam - pasar malêm Tionghwa - Kawontênan ing Tiongkok - Kawontênan ing Purwakêrta - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Martapura

[Grafik]

Baita-baita anuju labuh wontên ing palabuhan ing lèpèn Masziz, laladan Martapura, tanah Borneo.

--- 1442 ---

Pawicantênan Cara Jawi saha Cara Walandi

(Javaansch-Nederlandsche Gesprekken)

Sambêtipun Kajawèn nomêr 91.

Samantên pangalêm kula dhatêng sêrat wau, kados sampun cêkap. Nanging murih jangkêping atur kula, sarta ingkang ngarang piyambak bokmanawi inggih bingah, manawi samangke kula ugi ngaturakên punapa kêkiranganipun utawi cacadipun sêrat wau, supados benjing manawi wilujêng sagêd ngêcap malih, saya langkung sae, samantên wau manawi ingkang badhe kula aturakên punika lêrês utawi kamanah lêrês.

Ingkang rumiyin kula matur, bilih ingkang badhe kula aturakên punika namung grêbanipun kemawon. Dados botên badhe andumuki satunggal satunggal pundi ingkang kula manah kirang lêrês utawi kirang prayogi. Jalaran kajawi badhe kêpanjangên, inggih kuwatos manawi malah wontên ingkang kalangkungan.

Sapisan, kula kirang mupakat anggènipun asring ngangge basa pasisir: môngga karsa, kapêtêk, langês, lan sanès-sanèsipun. Botên awit saking kula botên rêmên dhatêng basa pasisir, namung awit saking angèngêti prêlu. Basa utawi têmbung pasisir punika têbanipun kawon jêmbajêmbar. kalihan basa umum, basa ingkang kangge wontên ing pamulangan utawi cêthanipun malih basa Surakarta. Dados sumêrêp sami sumêrêp, tumrapipun tiyang ingkang sinau, langkung sae dipun sumêrêpakên dhatêng ingkang umum, ingkang têbanipun langkung jêmbar.

Punapa awon nyumêrêpi basa pasisir, botên, malah sae. Nanging anggènipun nyumêrêpakên, samôngsa sampun sumêrêp dhatêng ingkang umum.

Kaping kalih, juru ngarang asring nyupèkakên dhatêng lagu utawi basa ingkang sampun tumindak, ingkang sampun kaprah.

Ing ngajêng sampun kula aturakên, tiyang nyinau basanipun ngasanès, punika kêdah namung satumut-tumut ngangge. Sampun ngantos ngewahi, awit badhe mitunani dhatêng awakipun piyambak. Upaminipun kemawon wontên ing restoran, nêdha dhatêng jongos, supados dipun sukani: pratelan dhaharan, takèn dhatêng tilas koki, nakèkakên surtipikat, mawi têmbung: layang katrangan, punika lêpatipun ingkang dipun têdhani: thingak-thinguk, inggih gumujêng ing batos. Lajêng takèn dhatêng kusir, nakèkakên punapa dhokaripun kangge, mawi têmbung: kusir, dhokarmu iku apa durung ana sing arêp nunggangi. Punika sampun tamtu kemawon botên lêpat, nanging ngatingalakên anggènipun botên purun ngangge basa (basanipun tiyang dhatêng kusir) ingkang sampun limrah.

Utawi bokmanawi kuwatos manawi dipun srekal. Awit kula sampun nate mêningi priyantun lucu takèn dhatêng kusir makatên: sir, andhongmu kanggo apa ora. Sarêng dipun wangsuli: botên, ndara. Punika priyantun wau lajêng mungêl: buwangên bae, nèk mêngkono.

Têmbung utawi têtêmbungan ingkang sanajan botên lêpat, nanging botên limrah, panunggilanipun ingkang kula aturakên ing nginggil, punika ing sêrat anggitanipun Dr. M. Priyautama wau ragi sawatawis kathah. Punika saking pamanggih kula, kajawi badhe [ba...]

--- 1443 ---

[...dhe] dados gêgujêngan, inggih sulaya kalihan bakuning sêdya. Ingkang sampun kula aturakên ing ngajêng.

Awit, kula kaping kalihi atur kula, bakuning sêdya wontênipun sêrat wau, inggih punika, badhe nyumêrêpakên dhatêng ingkang badhe anyumêrêpi, kadospundi caranipun tiyang wicantên wontên ing satunggal-tunggaling kalangan, utawi kadospundi basa ingkang kangge wontên ing satunggal-tunggaling kalangan wau.

Lajêng kaping tiganipun, ugi ngèngêti prakawis ingkang mêntas kula aturakên punika wau, wontên malih bab-bab ingkang kêdah dipun sêtitèkakên, inggih punika bab tatakrama. Minôngka tuladha upaminipun kula ngaturakên pawicantênan ing kaca 70.

Wontên insinyur, sawêg nêdha, dipun sanjangi rencangipun, manawi wontên tamu mantri pulisi. Têmbungipun rencang: punika, ndara, ndara mantri pulisi rawuh. Dipun sanjangi makatên wau, bêndaranipun gita, mantri pulisi lajêng dipun jak nêdha. Nalika badhe nêdha utawi wiwit nêdha ngladosi mantri pulisi, punika prentahipun bêndara dhatêng rencang, ngatawisi manawi rencang wau taksih dhusun sangêt, sarêng wiwit nêdha botên kèndêl-kèndêl insinyur wau anggènipun nyacadi ingkang kaladosakên utawi anggènipun lados.

[Iklan]

Sadaya wau manawi dipun cundhukakên kalihan tatakrama, babarpisan botên mantuk.mathuk.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 57 ing Sêmarang. Sêrat ibêr-ibêr sampun têlas.

Lêngganan nomêr 4579 ing Kuwaru. Tumrap kuwartal 4.

--- 1444 ---

Kawruh Sawatawis

Bab Siyam

Sambêtipun Kajawèn nomêr 90.

Na: siyamipun para têtiyang khos (pilihan), inggih punika siyam ingkang kajawi tilar nêdha ngombe lan sarêsmi, ugi lajêng nilar ing budi lan pakêrti ingkang cinacad, santun anindakakên budi lan pakêrti ingkang luhur, lan pinuji.

Ca: siyamipun para khawasul khawas (pilihaning papilihan), inggih punika kajawi sagêd anêtêpi ing siyam, ha lan na kasêbut ing nginggil wau, ugi sagêd mahanani sucining raos, saking kalêbêtan ing kaanan sanèsipun gusti Pangeran kita ingkang Maha Suci. Têgêsipun, ing salêbêting nindakakên siyam wau, ingkang rinaos ing sanubari, namung anjingglêng umadhêp ing Gusti. Inggih kados makatên punika siyam ingkang sajatos.

Dene sagêdipun dumugi siyam ingkang pangkat 3 punika sakawitipun kêdah purun nandangi saking pangkat 1 rumiyin, lajêng minggah-minggah saking sakêdhik, botên beda kadosdene tiyang anjangkah pangkat kadonyan (lair), yèn ujug-ujug sêlak inggil, malah mêsthi sasar-susur. Manggaliha pêpèngêt ing ngandhap punika:

[Mêgatruh]

Dhuh pra mudha ywa kongsi samya kalimput / sêlak manggon pangkat inggil / kasupèn tartibing laku / mundhak malah dhawah sisib / kêblondrong datan rumaos //

Ngêndi ana wong mènèk gya têkan pucuk / lamun sungkan minangkani / saking ing ngandhap rumuwun / minggah baga sing sathithik / sarwa tindak ngatos-atos //

Kawigatosanipun wulan Ramêlan.

Para têtiyang Islam, sami nganggêp bilih wulan Ramêlan punika, satunggiling wulan ingkang minulya piyambak, mila kangge têbaning lampah siyam, kariwayatakên:

Ha. wulan Ramêlan punika, wulan rikala tumuruning Kuran saking laokil mahpul, dhatêng langit sapisan, tinampèn dening sang malaekat Jabrail. Salajêngipun katurunakên ing jagad ngriki, saking sakêdhik, tamatipun ing dalêm jaman 23 taun.

Na. Kariwayatakên malih, bilih tumuruning ayat Kuran ingkang rumiyin piyambak, katampèn dening kangjêng Nabi Mungkamad punika, ugi ing wulan Ramêlan.

Ca. Ing salêbêting wulan Ramêlan, ing saantawising tanggal 20 dumugi tanggal 30 punika wontên satunggiling dalu, ingkang winastanan laelatul kadar. (Wêngi têmuruning pêpasthèn) sataun ingkang badhe kalampahan. Têgêsipun ing dalu wau, wêkdal panampining para malaekat, ing dhawuh wêcaning gusti ing pêpasthèning sadaya dumadi, ingkang dhumawah salêbêting sataun ingkang badhe kalampahan. Mila sintêna ingkang lampah ngibadah, ing dalu wau, cinadhang ganjaran, sami kalihan ngibadah [ngi...]

--- 1445 ---

[...badah] 1000 wulan, ingkang sanès ing dalu wau. Dados laelatul kadar punika botên wujud kaanan, têtêdhan, pusaka, arta, tuwin sanès-sanèsipun, namung namaning dalu dhumawah ing kabêgjan, dhumatêng manungsa ingkang katrimah lampah pangibadahipun ing Pangeran.

[Iklan]

Awit saking ingkang makatên wau, mila para sêpuh ing jaman kina-kina, manawi pinuju ing wulan Siyam, sami anjungkung ngibadah, kados ta maos Kuran (darusan) mêwahi sêmbahyangipun (salat tarwèh), iktikadiktikaf. (sêmadi) ing masjid. Sidêkah (driyah) tuwin sapanunggilanipun, langkung-langkung manawi sampun nyandhak ing malêm 21 dumugi bakda (riyaya) saya langkung dipun rosani yêktos.

Ing sarèhning wulan Ramêlan punika, kangge têtèki, ambangun amrih luhuring budi pakarti, tuwin sucining raos, mila sabibaring siyam, lajêng nitipariksaa ing sariranipun piyambak-piyambak. Yèn sagêd mindhak sae tinimbang sadèrèngipun, lah punika nama angsal damêl. Yèn namung ajêg utawi malah suda kautamènipun, hla punika nama kapitunèn.

Namung samantên andharan kula, wasana ngaturakên salam kula pun Ihsanudin - Pacitan.

Sêsorah ing Radhio saking Bale Pustaka.

Benjing dintên Ngahad sontên tanggal 21 Nopèmbêr 1937, wanci jam 1/2 8 dumugi jam 8, Bale Pustaka ngawontênakên sêsorah ing radhio Nirom 2 golflengte 190, ing bab Sajak Zaman Sekarang. Ingkang mêdhar sabda Tuwan Armijn Pane.

--- 1446 ---

Pasar Malêm Tionghwa, Kangge Darma Roode Kruis Tiongkok.

Sampun sawatawis dintên ing Batawi wontên pasar malêm Roode Kruis Tiongkok. Papan pamanggènipun pasar malêm wau wontên ing pakarangan Chineesche Handelsvereeniging, dados kapetang botên sapintêna wiyaripun, ewadene angsal-angsalanipun dêmênakakên sangêt.

[Grafik]

Ing sadèrèngipun bikak, sampun tampi arta pariwara f 40.000.-, sewan panggenan f 25.000.-. Kajawi punika kathah sangêt ingkang sami urun, mèh para dagang agêng bôngsa Eropah tuwin sudagar-sudagar Tionghwa sami ambiyantu. Dumugining bibar, angsal-angsalanipun kirang langkung f 80.000.-.

Gambar nginggil: pangarsa mêdhar sabda ambikak pasar malêm. Têngah: ombyaking tiyang ing wanci dalu. Ngandhap: para mudha Tionghwa mitongtonakên konto sapanunggilanipun.

--- [0] ---

[Iklan]

--- 1448 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Tiongkok

Wawasan pinanggihipun paprangan ing Tiongkok, saya katingal pandhêsêgipun wadya Jêpan, wadya Tiongkok saya kêsêsêr. Nanging kasantosanipun wadya Tiongkok têtêp botên ewah.

Ingkang pinanggih wontên ing tanggal 9 wulan punika, wadya Jêpan sagolongan agêng ingkang wontên ing Kinsanwe, sagêd minggah dhatêng Sunglon ing Hanso, têrus ngêkêr dhatêng Syanghai. Wadya Jêpan ingkang wontên ing ngajêng sagêd nyabrang lèpèn Wangpo, saha sagêd mêdhotakên margi sêpur antawisipun Hanso kalihan Ningpe, kaprênah sakilènipun Sungkiyang, têbihipun saking Syanghai wontên 30 km. Sarêng wadya Tiongkok kêdhêsêg lajêng gêlar angunduri, dipun tut ing wadya Jêpan.

Mirid gêlar paprangan ingkang kados makatên punika, wadya Jêpan ingkang kapara unggul, nanging mênggah nyatanipun dèrèng kenging dipun wastani makatên. Awit pandhêsêging wadya Jêpan wau inggih lajêng dipun tanggulangi kanthi kuwantêran, kasantosanipun wadya Tiongkok kenging dipun wastani dèrèng kongkih dening pandhêsêging mêngsah.

Ing Nansiyang, kaprênah saêlèr kilèn Syanghai, barisipun wadya Tiongkok tansah nanggulangi mêngsah ngantos rambah-rambah, nanging dangu-dangu wadya Tiongkok lajêng ngunduri, prêlu mapan wontên ing panggenan ingkang langkung wigatos. Grêgêtipun Jêpan ing kala punika, kanthi kêbranang dening rumaos badhe sagêd ngêbroki ing papan ingkang sakalangkung mikantuki, nanging kêpêksa cabar tansah dipun papagakên ing wadya TIongkok, ingkang botên kenging dipun gêgampil.

Makatên ugi ingkang pinanggih ing paprangan sisih lèr, pangangsêging wadya Jêpan ingkang sampun mèh malêbêt dhatêng gapuraning kitha Taiyuwan, ugi dpun tanggulangi wadya Tiongkok sakalangkung kiyat. Sarèhning ajênging wadya Jêpan tansah manggih pambêngan, kêpêksa lajêng ngunduri, santun gêlar ngêpang kitha. Ing ngriku tumrapipun Jêpan ugi sampun kathah papan ingkang kenging dipun broki. Nanging salajêngipun kandhêg botên sagêd anglajêngakên panêmpuhipun, awit santosaning baris Tiongkok botên kenging dipun gêgampil.

Jêpan ingkang rumaos sampun mênang clangap, sarêng têtela Tiongkok angêkahi bitinging kitha, lajêng ambidhalakên motor mabur ing gêgana, kanthi andhawahakên sêrat sêbaran, ingkang suraosipun suka pêpèngêt têtiyang ing ngriku, sintên ingkang nêdya wilujêng supados sumingkir saking ngriku.

Panêmpuhipun wadya gêgana Jêpan ing sisih kidul sakalangkung sêrêng, ambujêng wadya Tiongkok ingkang sami oncat. Ing ngriku Syanghai lajêng kêpêthal sêsambêtanipun kalihan kitha sanès. Wusana ing ngriku anjalari ribêd ing bab babagan arta, mila wontêning bang-bang lajêng dipun pindhah.

Wontênipun paprangan ing Tiongkok punika saya gêgêmpuran, pangangsêgipun Jêpan sampun rêkaos [rê...]

--- 1449 ---

[...kaos] dipun wangsulakên, wusana kitha Taiyuwan, inggih punika kithanipun agêng Sansi, kenging dipun broki wadya Jêpan. Wadya Tiongkok ingkang kêplajêng têrus dipun bujêng ing wadya Jêpan. Jalaran saking kèngsêring wadya Tiongkok dalah têtiyangipun ingkang sami ngili, kathah panggenan-panggenan ingkang lajêng kèbêkan tiyang. Cacahing têtiyang ingkang ngungsi kirang langkung 700.000.

Pangangsêgipun wadya Jêpan ingkang ngêpang Syanghai ing sakawit katingal rêkaos, badhe majêng malih sampun kapêntog barising mêngsah, nanging dangu-dangu wadya Tiongkok kêpêksa angêndhoni, dening kandhêging panêmpuhipun mêngsah wau araos saya mêtêk, wusana wadya Tiongkok kêpêksa angunduri, ngantunakên wadya pêpilihan ingkang prêlu kangge nanggulangi. Ing ngriku wadya Jêpan sagêd andhêsêg manut kêndhoning pabarisan, wêkasan wadya Jêpan sagêd angrêbat papan ingkang dipun kajêngakên, dene wadya Tiongkok lajêng angoncati. Ing salajêngipun wadya Jêpan ing sanès-sanès panggenan ugi sagêd angêbroki papan ingkang dipun kajêngakên.

Kêsêsêripun Tiongkok punika, botên pisan-pisan nuwuhakên aliting manah, punapadene nguciranipun Tiongkok, malah pinanggihipun saya anênangi nêdya ngantêpi ambêging prajurit, sirna ing paprangan. MIturut wartos, awit saking dêrêngipun senapatining pêrang, jendral Syang Kai Sèk, badhe nglajêngakên pêrang, botên niyat badhe ngajêngi rêmbagipun Jêpan anggèning ngajak rukun. Kasoranipun pêrang ing Sansi, Honan tuwin Syanghai, botên damêl sudaning kapitadosanipun pangagêng paprangan Tiongkok. Ing bab kasoran, pancèn ing sadèrèngipun sampun wontên pangintên. Mila niyatipun Tiongkok badhe lajêng nanggulangi mêngsah, adhêdhasar badhe angrungkêbi kautamèn, tuwin angluhurakên praja punapadene nêtêpi prasêtya. Mila wadya Tiongkok botên badhe ngunduri pêrang.

[Iklan]

Ing sapunika sarêng pinanggih ing paprangan kados makatên, katingal sêsulakipun bilih nyêmpyok dhatêng nagari sanès. Mirid wawasanipun senapati pêrang Jêpan Jendral Matsui ing Syanghai, amastani bilih nagari-nagari ngamônca ingkang gadhah laladan wontên ing Tiongkok, botên nêtêpi anggèning nunggak waru. Dados tindaking nagari-nagari sanès wau namung badhe makèwêdi dhatêng tindakipun Jêpan ingkang lèrèg dhatêng kasaenan.

--- 1450 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Kawontênan ing Purwakêrta

III.

Petruk : Rungokna, Kang Garèng, tak banjurne andharanaku. Luwih dhisik ing bab katêranganaku mungguhing pitakonmu: pangudi marang kautamaning ngaurip samono kèhe, kuwi ngêndi sing bêcik dhewe. Wangsulanaku: sing lagi dilakoni. Kuwi nèk kok pikir têmênan, mula iya nyata.

Garèng : Wangsulanamu sing mêngkono kuwi, mula iya wis tak gagas dowi, nganti mau bêngi kêlalèn saur, jalaran têrus anglênthêr... turune. Nanging pêpuntoning panggagas - kawi, Truk, iki, kawi, apa ngalah-alahake le dadi sêtudhèn... kêthoprak - mula iya bênêr wangsulanamu iku. Jalaran saka iku, mulane banjur sok kêrêp bae wong pintêr sok kêblithuk ing têmbung.... muluk. Kaya ta: bisa ngrogoh sukma, bisa nulak sarta angusadani sakabèhing panyakit, bisa urip sênêng, bisa kêrubung ing... ayu-ayu. Cêkak aos: bisa dadi wong kang pinunjul. Kuwi iya banjur: gèncêng, kelut, Truk.

Petruk : Mara, kang Garèng, wong sing wis kelut marang kawruh utawa ngèlmu sing kaya ngono kuwi, andak gêlêm angakoni liyane apik. Mêsthi ora, kang Garèng, sing dianggêp: apik, utama, bênêr dhewe, iya sing lagi dilakoni kuwi, malah bangsaning klèrêk, komis, dalasan bangsaning guru pisan, iki rak bangsaning wong pintêr, wong sing wis mêmêt pangajarane, ewasamono iya ana bae sing: glodhag, mèlu kelut nyang kawruhe mau. Saka kêyungyune, kabèh katêrangane, dianggêp langganan: mêsthi bênêre, nganti sanadyan ora kalêbu nalar babarpisan, sabab gurune mau sing ngandhakake, panganggêpe iya mêsthi bênêr, tur ngandêle kuwi iya nganti lumêbu ing ati, jantung lan rêmpêla pisan. Kaya ta katêrangan sing mangkene kae, apa iya kalêbu nalar: Bathara Guru astane papat kuwi sabab disêpatani... Kangjêng Nabi Muhamad. Katêrangan sing mangkene iki rak padha karo katêrangan sing mangkene upamane: Kangjêng Sunan Amangkurat kuwi anggone kêncèt, sabab disêpatani dening... Kangjêng Kyai Agêng Suryamataram. Hara, mèmpêr iki.

Garèng : Iya wis ora mathuk lan ora kalêbu nalar babarpisan. Nanging wêruha, Truk, iki phulitik, karêpe ana sêpata sêpatanan mau mangkene:

Kangjêng Kyai Agêng Suryamataram, kuwi bôngsa luhur [lu...]

--- 1451 ---

[...hur] sing cara santrine bôngsa: khawasul khawas, ya kuwi wong alim kang klase wis dhuwur bangêt. Kajaba iku piwulange iya wis dhuwur bangêt, nganti sakabate sathekruk bangêt. Hla, nèk saikine dikandhakake: sing nyêpatani Kangjêng Sunan Amangkurat nganti dadine kêncèt, lho, kuwi wong sing dadi sakabate, utawa wong liya sing kêpengin lumêbu dadi sakabat, banjur thukul pikirane mangkene: ê-lho, hla wong jarene alim, atine têka isih pêndhukal-pêndhukul gêlêm nyêpatani mangkono, ora cocog aku. Mêngkono uga anggone ngandhakake: Kangjêng Nabi Muhamad anyêpatani Bathara Guru, kuwi iya mangkono mau, ya iku supaya kaum Islam umume: padha gêla, padha gêla, loso.

[Grafik]

Petruk : Wayah, wong omong têmênan, têka ditibakake sênggakan balenderan mêngkono. Mara, rak iya cêtha, ta, sanadyan katêrangane guru mau ora kalêbu nalar, ewasamono para muride iya ngandêl têrus, iki ora liya iya saka kelute marang kawruhe mau. Malah ingatase wis cêtha wela-wela, gurune dièwèng-èwèng mrena-mrene jalaran saka tindake sing ora wani nyang padhang, ewasamono saka mantêbing atine marang piwulange sing dianggêp: kuwi sing apik, sing utama lan sing bênêr dhewe, pikirane mungguhing lêlakone gurune dièwèng-èwèng mau iya malah mangkene: wis jamak lumrah wong kang arêp anggayuh marang kautaman, kuwi mêsthi akèh godha rêncanane.

Garèng : Omongmu sing kèri iki aku mathuk bangêt, Truk, mula iya nyata, apa manèh sing wis kalakon ngudi têmênan marang kautamaning ngaurip, oraa akèh godha rêncanane, lagine wong arêp ngudi bae, nèk ora kabênêran bisa cilaka têmênan. Sing kaya ngono kuwi aku wis tau ngalami, Truk. Kang dadi idham-idhamanaku kala samono, yèn apa sing tak sêdya iki bisa tinurutan, cêkake uripku arêp tak lakoni sing salèh bangêt kae, ya iku: sêmbahyangku limang wêktu ora bakal tak êbon, nganggur sathithik, mêsthi banjur andêrês, utawa maca kitab, lan driyah utawa jakatku têmtu tanpa pêdhot, [pê...]

--- 1452 ---

[...dhot,] lho, kuwi yèn tinurutan idham-idhamanaku mau, nanging, iya kuwi mau, aja manah sing wis kalakon ngudi, sêlagine arêp ngudi bae, yèn bangsaning kautaman kuwi, nèk ora kabênêran mula iya bisa cilaka têmênan. Kowe rak iya kèlingan, ta, lagine isih padha nom kae, kalane aku arêp anggayuh sing dadi idham-idhamanaku, kang wusanane arêp tak anggo sangune urip salèh, apa ora mèh bae aku dipakani mlinjo, yaiku kalane aku arêp ngalap... Mas Ajêng Pitrus.

Petruk : Pira-pira kowe slamêt, kang Garèng, hla wong anèh, arêp laku salèh, kathik sing kanggo sangu... bandhaning gundhik Lônda sing isih mêgêr-mêgêr, wis, wis, kok banjur salewengan omonge mêngkono, saiki padha dibanjurake manèh rêmbuge.

Kaya sing wis tak kandhakake ing ngarêp, kabèh pakumpulan kang padha ngudi nyang kautamaning ngaurip, kuwi padha maju-maju, kang Garèng, lan pambudidayane anggone padha angajokake pakumpulane, kuwi padha migunakake gêndhing dhewe-dhewe.

Garèng : Wayah, kathik kaya wong tayuban, kathik diunèkake nganggo gêndhingan dhewe-dhewe,

Petruk : Lho, kuwi saka beda-bedane lakune, kang Garèng, nganti iya mèmpêr saupama kok padhakake wong tayuban. Sabab panjogède wong ana ing tayuban kuwi, pancèn iya duwe kasênêngan gêndhing dhewe-dhewe. Kaya ta rama upamane yèn olèh sampur, gêndhinge ora liya mêsthi: kutut manggung, nèk aku, sarèhne rada kambon santri sêthithik, gêndhingku mêsthi: majêmuk. Dene kowe sing kok sênêngi, kaya-kaya yèn ora kliru gêndhing sing têmbangane mangkene kae: unthul lowuk, kêmbang jêruk, ajêmbuwal. Dadi rak iya cêtha, ta, siji-sijining uwong kuwi duwe kasênêngan gêndhing dhewe-dhewe. Mêngkono uga pakumpulan, sanadyan pakumpulan kang ngudi nyang kautamaning ngaurip, iya duwe gêndhing dhewe-dhewe kanggo angajokake pakumpulane.

Garèng : Wayah, ambok duwe cara utawa pranatan dhewe-dhewe sing dadi kasênêngane, anggone ngajokake pakumpulane mau. Mara, Truk, caritakna cara-caraning siji-sijining pakumpulan kuwi.

Petruk : Anggonku ana ing Purwakêrta kuwi mung sadina sawêngi, kang Garèng, dadi sêsurupanaku bab iki, iya mung sêthithik bangêt. Kaya ta: pakumpulane kaum Kristên, ing kono carane ngajokake pakumpulane, sing katon ana ing mata, pancèn iya utama lan gêdhe gunane tumraping para kawula têmênan. Êmbuh tumindake aku ora wêruh. Nanging sing cêtha katon ing mripat, ing kono pakumpulan kaum Kristên ngêdêgake sakolahan pirang-pirang, tur wujuding sakolahan, iya marêmake têmênan. Sakolahan, karêpe kowe wis wêruh dhewe, kang Garèng, ya iku ngudi ngèlmu kang kanggo sangune urip ana ing dunya kene, nanging ora jênêng sampurna, yèn wong mung dipikir sangune kanggo ana ing dunya bae, nanging sangune kanggo ana ing jaman kalanggêngan, iya kudu diwènèhi. Mulane iya ora lali anggone yasa, greja kang gêdhe, bagus lan santosa bangêt. Mara, apa ora pêng-pêngan gêndhinge kuwi arane.

--- 1453 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana dêrma f 1.000,- Miturut wartos, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana kaparêng aparing dêrma dhatêng Leger des Heils ing tanah ngriki kathahipun f 1000.-.

Pindhahan têtiyang Jawi dhatêng tanah sabrang. Miturut wartos, benjing taun ngajêng, kintên-kintên badhe wontên boyongan têtiyang saking tanah Jawi dhatêng Sumatra tuwin Selebes kintên-kintên 9000, dene ing salajêngipun badhe ngantos 30.000 tumrap ing Selebes kaprênah ing sunglon Boni wontên papan waradin kalih panggenan, inggih punika ing Masamba tuwin ing Malili, kajawi punika wontên malih ing Muna, kangge bangsa Madura. Rêrigênipun ingkang wajib ngudi murih têtiyang sami purun boyongan dhatêng tanah sabrang wau, malah pêrlu badhe ngawontênakên boyongan tiyang èstri, kangge sarana, awit samangsa têtiyang èstri purun boyongan, badhe anggampilakên lampah punika. Tumrap ajênging boyongan punika kathah rekadaya ingkang katindakakên murih sagêd damêl kamajênganipun.

Lisah pèt ing Indramayu. Botên dangu ing Bangodua, bawah Indramayu, badhe wontên pangêboran siti kangge madosi lisah pèt ingkang dipun tindakakên dening Bataafsche Petroleum Mij. Miturut papriksan siti, ing ngriku punika wontên lisahipun pèt. Tamtunipun ing ngriku badhe pinanggih dados papan rame. Malah miturut wartos, tumrap kangge waragad paniti kemawon badhe kasadhiyan arta sayuta rupiyah.

Wartos rêrêgèn sarêm ingkang botên nyata. Dèrèng dangu ing Bandhung wontên wartos bilih rêgining sarêm badhe dipun indhakakên. Lajêng anjalari kathah tiyang ingkang sami tandho sarêm, ngantos adamêl têlasing rimatan sarêm ing pintên-pintên panggenan. Ing bab punika ingkang wajib lajêng martosakên bilih bab punika botên nyata.

Pamulangan luhur dhoktêr. Lulus artsexamen perangan kapisan, nonah Kwee Leng Wie tuwin Tuwan Kho Pang Kiauw, têtêp dados arts, Tuwan Soeparna.

Ingkang angsal prijs K.L.M. Miturut wartos, ing bab sayêmbara K.L.M. ingkang pêrlu kangge anggêgana lêlahanan saking tanah ngriki dhatêng nagari Walandi, dhawah Tuwan E. van Konijnenburg, ambtenaar kantor Uitvoerzaken ing Dep. Van Economische Zaken. Dene kalampahanipun badhe dhatêng nagari Walandi, samangsa sampun angsal verlof, badhe sêsarêngan kalihan nyonyahipun.

Commissi cacah jiwa. Miturut wartos badhe wontên têtêpan commissie bab nacahakên jiwa ing taun 1940, commissie wau kajawi mêndhêt pangagêng kantor statistiek tuwin ambtenaar sanès-sanèsipun, ugi mêndhêt golongan dagang tuwin partikulir.

Kathah daging pêtêng. Miturut kawontênan, cacahing kewan ingkang dipun pragad ing salêbêtipun kitha Ngayogya saya suda. Bab punika lajêng nuwuhakên panggrayangan botên sae, saha ingkang wajib lajêng nindakakên paniti punapa sababipun. Ing ngriku kasumêrêpan dening juru sandi bilih wontên daging pêtêng, saha kêlampahan sagêd nyêpêng daging pêtêng, kajawi punika wontên lêmbu 8 ing kampung Margayasan tuwin 1 ing Pajêksan, sami dipun pragad tanpa palilah. Dene dhatênging daging pêtêng wau saking Bantul tuwin Kutha Gêdhe.

[Iklan]

Dados Secretaris Raad Kawula. Mr. W.J.Ph. van Waning, ingkang makili padamêlan secretaris Raad Kawula, ing sapunika katêtêpakên ing padamêlan ingkang dipun wakili wau.

Laladan enggal ingkang kêtrajang pest. Miturut wartos saking babadan nanggulangi sêsakit pest ing Bandhung, ing sapunika wontên laladan enggal ingkang kêtrajang sêsakit pest, inggih punika ing Buahdua tuwin ing Congeang, sami ing Priyangan. Ing ngriku lajêng kawontênakên pajagèn ing sapêrlunipun. Dene pest ingkang pinanggih ing ngriku sami pest wudun.

Kampung ingkang dipun amuk ing sêsakit pest. Kampung Cilengkrang bawah dhistrik Darmaraja, Priyangan, pinanggih dipun amuk ing sêsakit pest. Sakawit wontên tiyang sagriya cacah 6 sami kêtrajang sakit pest, sami dumugi ing tiwas. Salajêngipun sêsakit wau lajêng nular dhatêng griya sanèsipun, saha tumular-tumular malih ngantos sadhusun. Sarêng sampun kêlampahan makatên sawêg dipun lapurakên dhatêng pangagêng dhusun, bilih ing ngriku wontên têtiyang pêjah langkung kathah. Tuwan Asistèn Residhèn Sumêdhang lajêng tindak pêpriksa dhatêng panggenan wau kanthi veldpolitie, pêrlu nindakakên rêrigên sapêrlunipun, kanthi pajagèn kêncêng, supados sêsakit wau botên tumular dhatêng sanès dhusun.

Inggah-inggahan ing Jawi-Wetan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi-Wetan, M. Mukardi, Aib nindakakên padamêlan mantri pulisi ing paresidhenan Madiun, dados asistèn wêdana paresidhenan Bojonêgoro. Harjosumarto aliyas Pamuji, juru sêrat klas 1 paresidhenan Madiun, dados mantri pulisi paresidhenan ugi Madiun.

Cacahing prangko Jambore ingkang kasade. Gunggunging prangko Jamboree ingkang kasade wontên 33.211.028 iji.

--- 1454 ---

Pamulangan kangge lare kêsrakat. Sampun sawatawis dangu Asib ing Ngayogya ingkang sarujuk kaliyan parentah Kasultanan badhe damêl pamulangan kangge lare kêsrakat, ingkang dados têtanggêlanipun Asib. Ing sapunika sêdya wau sampun kasêmbadan, manggèn wontên ing kampung Gowongan. Pamulangan wau kaangkah mawi pondhokan, waragadipun f 15.000.-. Lare ingkang dipun tampèni malêbêt ing pamulangan wau lare wiwit umur 6 dumugi 15 taun.

Pabrik gêndhis gadhahanipun Factorij. Pabrik gêndhis gadhahanipun Factorij ingkang badhe giling ing taun 1937 punika Nieuw Tersana, Kêtanggungan Kilèn, Sumbêrharja, Purwadadi tuwin Majaagung.

Prakawis culik, gêgayutanipun kalihan gugontuhon. Pangadilan Landraad ing Grêsik mêntas ngrampungi prakawis rajapêjah, ingkang pasakitanipun lajêng kaukum 9 taun. Mênggah aluranipun prakawis makatên: nuju wanci enjing ing Paciran wontên tiyang jalêr mlampah-mlampah kalihan anakipun umur 5 taun, wontên ing dhusunipun piyambak. Ing ngriku mirêng wontên tiyang nyuwara: wong nyolong wong, ing ngriku lajêng kathah tiyang mêdal saking griya lajêng nêmpuh tiyang ingkang mlampah-mlampah wau, lare karêbat, wusana tiyang ingkang dipun têmpuh wau andadosakên ing tiwasipun. Sarêng dipun nyatakakên jêbul ingkang dipun pisakit dumugi ing tiwas wau bapaking lare ingkang dipun rêbat wau piyambak. Salajêngipun dados papriksaning pulisi.

Racun tempe. Ing kabudidayan Jabung, Wlingi, wontên tiyang 12 sami kalêbêtakên dhatêng griya sakit jalaran kenging racun tempe. Tiyang sadaya wau sakawit mêntas nêdha tempe, sabibar nêdha lajêng sami sakit wêtêngipun. Rahayu dene têtiyang wau lajêng sami kêtulungan kaupakara ing dhoktêr, sagêd pitulung, namung wontên lare 1 umur sataun kêlajêng tiwas.

Residhèn Timur pènsiun. Kawartosakên residhèn Timur Tuwan Bos, wiwit benjing tanggal 1 April ngajêng punika badhe lèrèh saking padamêlan kanthi pènsiun. Awit saking kaparêngipun Parentah tuwan residhèn wau kaparêngakên dhatêng Timur Dilly pêrlu badhe rêmbagan warni-warni kaliyan parentah Portugal.

Darma kasangsaran. Jalaran saking lindhu ingkang damêl karisakan ing bawah Klathèn, têtiyang ing Jatinom, kala 10 Oct '37 lajêng rumagang ngawontênakên babadan Comite, ingkang dipun pangarsani dening panjênênganipun ingkang wêdana. Karampungan lan tindak ingkang sampun kêlampahan kanthi tutupan, comite kala 6 November '37:

a. ngupados dêrma (lijst + bumbung-bumbung) angsal ... = f 54,29 5

b. ngawontênakên kêramean 2 dalu (2/3-3/4 Nov '37) angsal ... = f 184,67 5

c. tampi dêrma saking buffet Budi Rahayu + Budi Wanita Mudha ... = f 9.50

d. tampi dêrma saking pakêmpalan panahan: Kridawaraya ... = f 1,54

e. arta lelangan barang dêrma ... = f 0,50

Gunggung panampèn ... = f 250,51

kangge waragad-waragad sadaya f 58,65 + f 7,50 ... = f 66,15

Dados miturut karampungan 6/11 '37 sagêd dêrma rêsik ... = f 184,36

(Hs. Abonne No. K. 2190)

Dr. Nazif dados wd. Gouvernements-Secretaris. Wiwit benjing tanggal 2 December ngajêng punika, Tuwan J.M. Kiveron, Algemeen Gouvernements-Secretaris badhe verlof sajawining praja laminipun 2 wulan. Ing salêbêtipun verlof wau ingkang makili padamêlan Algemeen Gouvernement-Secretaris, Tuwan J. Ramaer. Ingkang dados wd. eerste Gouvernements-Secretaris Tuwan E.Z. Zeilinga, dene ingkang nindakakên padamêlan Gouvernement-Secretaris Dr. Mohammad Nazif.

Papan kangge angayomi sato kewan. Awit saking kaparêngipun ingkang wajib ingkang sampun katêtêpakên, marêngakên ing rêdi Baluran, ingkang dumunung wontên sacêlaking margi saking Situbondho kaliyan Banyuwangi, kangge papan angayomi satokewan, kadosdene usulipun Pakaryan Wana ingkang dipun biyantu dening Ned. Indische Vereeniging tot Natuurbescherming. Pucaking rêdi Baluran punika wontên 1247 m. Saking ing papan ngriku sagêd nyumêrêpi sawangan ingkang sakalangkung asri. Dene têbaning papan ingkang kangge ngayomi sato kewan wau wontên 25.000 ha.

Professor Mulock-Houwer bidhal. Prof. Mulock-Houwer ingkang badhe anjênêngi Oogheelkundig Congres XV ingkang kawontênakên ing Mêsir benjing tanggal 8 dumugi tanggal 14 December, sampun bidhal numpak kapal Baluran. Kathah para mahaguru tuwin mahasiswa ingkang sami nguntapakên.

Inggah-inggahan ing Jawi-Têngah. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi-Têngah R Soepoetro Brotodihardjo, tijd wd Aib ingkang kabantokakên dhatêng wêdana Parakan, kabupatèn Têmanggung, paresidhenan Kêdhu, kados tijd wd, mantri pulisi ing paresidhenan Kêdhu R Maryono, jurusêrat klas 1 ing kawadanan Manggar, kabupatèn Grobogan, paresidhenan Sêmarang, dados mantri pulisi paresidhenan Sêmarang.

NAGARI WALANDI

Prins Bernhard jumênêng Kon. commissaris padvinders. Wiwit tanggal 22 November punika, Prins Bernhard kaangkat jumênêng commisaris padvinders Karajan Walandi, dene Tuwan Rambonnet wiwit tanggal wau kèndêl saking anggèning dados hoofdverkenner, saha sawatawis dangunipun padamêlan wau botên dipun dèkèki pangagêng malih.

EROPA

Ing Jêrman tuwuh sêsakit rajakaya. Miturut wartos, ing wêkdal punika ing Jêrman sisih Kilèn tuwuh sêsakit rajakaya mond-en klauwzeer, ingkang sakalangkung anggêgirisi. Sanadyan tumindaking panyêgah sampun botên kêkirangan, nanging taksih tumular dhatêng 2000 panggenan têtanèn ingkang kathah rajakayanipun. Bab punika anjalari Jerman ngantos ndhatêngakên mêrtega saking sanès panggenan. Kintên-kintên panularing sêsakit punika saking Afrika-Lèr ingkang kabêkta mêdal marseille kala wulan Mèi kêpêngkêr, lajêng tumular mangalèr mêdal Bèlgie, nagari Walandi, Luxemburg lajêng dhatêng Jerman sisih Kilèn. Kajawi nindakakên panyêgah, ugi nindakakên panyêgah sade tinumbas kewan wontên ing watês. Kala ing taun 1920 tuwin taun 1921 nalika Jerman wontên sêsakit kados makatên, adamêl kapitunan 380 mark.

Damêl ballon agêng sangêt. Pabrik ballon ing Legiono, Polen, sawêg nêngah-nêngahi damêl ballon agêng sangêt, kintên-kintên rampungipun ing salêbêtipun taun 1939. Agênging ballon garisipun têngah 60 m, sagêd dipun isèni gas 4000 m kubuk. Pandamêling ballon wau awit saking pakènipun prof. Piccard. Ballon wau kenging kangge anggêgana ingkang inggilipun ngantos 30 km.

AMERIKA

Pamêdalipun Amerika suda. Miturut wartos, salêbêtipun wontên paprangan ing Tiongkok, kintunan barang-barang saking Amerika dhatêng Tiongkok tuwin Jêpan ing wulan Sèptèmbêr kêpêngkêr suda 12.000.000 dollar tinimbang kaliyan wulan Augustus.

ASIA

Sambutan arta saking Italie. Wontên wartos, bilih Radja Ibn Sa'oed nata Sa'oed Arabia, ngrêmbag pados sambutan dhatêng Italie pêrlu kangge anjêmbarakên margi sêpur saking Mêkah tuwin Madinah dhatêng Transjordania.

--- 1455 ---

Wêwaosan

III. Lêlampahanipun Ilya

26

Sadaya sami ngubêngi Solowe, ingkang ing kala punika taksih kacancang gumandhul wontên ing sônggawêdhi, sirahipun anjungkir. Ing ngriku katingal, bilih begal wau angraosakên sakit sayêktos dening tatu jalaran kataman ing jêmparingipun Ilya wau, langkung malih manawi ngèngêti, bilih botên sande piyambakipun têmtu badhe nampi ukuman ingkang awrat sangêt, punika têmtu adamêl aliting manah, ewasamantên wujudipun Solowe mêksa taksih angajrih-ajrihi, ngantos adamêl kagèt lan ajrihipun sang pramèswari, ingkang ing wusana lajêng amping-ampingan wontên ing pêngkêranipun sang prabu.

Prabu Wladhimir lajêng anyakêti begal ingkang salami-laminipun tansah angrubeda prajanipun, saha nuntên angandika makatên:

He, Solowe, coba saiki ketokna mungguhing kadibyanira. Miturut pamirêng ingsun, sira bisa ngêrik kaya rasêksa, bisa ngakak kaya naga, sarta bisa anggêrêng kaya sato galak. Mara, iku kabèh saiki ketokna, supaya para pangeran, para satriya apadene prajurit kabèh padha bisa anêksèni.

Ing sêmu Solowe tanpa ajrih babarpisan, amangsuli makatên:

Êmbuh kowe iku sapa, nanging dudu kowe kang ngalahake aku, mulane aku iya ora sudi mituruti apa kang dadi karêpmu. Ing saindêngng praja Ruslan iki ngêmungake Ilya dhewe bisa mapagake aku, malah bisa ngalahake yudaku. Jalaran saka iku iya mung Ilya dhewe bakal tak turut apa prentahe, mênyang liyane aku ora arêp ngrèwèsi.

Mirêng aturipun Solowe ingkang tanpa dugi prayogi wau, Prabu Wladhimir botên lajêng duka, namung lajêng adhawuh dhatêng Ilya makatên:

Ilya, mara sira marentaha mênyang begal iki supaya ngêrika kaya rasêksa, ngakak kaya naga utawa anggêrênga kaya sato galak.

Ilya umatur:

Dhuh gusti pêpundhèn kawula, kawula botên pisan-pisan nêdya angrèmèhakên dhatêng panjênêngan nata tuwin sang pramèswari, nanging minôngka anjagi kasugêngan dalêm, panuwun kawula sangêt, mugi-mugi sampun ngantos begal punika angumbar suwaranipun. Ananging ing sêmu panjênêngan botên krêsa andhahar atur kawula punika, amila kawula inggih namung badhe andhèrèk punapa dhawuh nata kemawon. He, Solowe, minôngka kanggo anglêgani panggalih nata apadene sang pramèswari, coba umbarên suwaramu, yaiku ngêrika kaya rasêksa, ngakaka kaya naga, sarta anggêrênga kaya sato galak, nanging kabèh mau tindakna kanthi sawatara bae.

Solowe amangsuli:

Dhuh, Ilya, aja pisan andadèkake gêlaning pikirmu, aku ora bisa mituruti kang dadi parentahmu, sabab gorokaku garing, lan lambeku kêkancing ing gêtih garing. Kowe wis nibakake panah kang ngênani mripatku kang sisih têngên, panah mau têmbus ing kupingku kang sisih kiwa. Tumêkane saiki tatune isih mênga lan gêtihe uga isih têrus mili. Mulane suwuna anggur nyang sang prabu dhisik. Ing mêngko yèn aku wis ngombe anggur kuwi mau, kiraku tatuku bisa mari lan cangkêmku bisa mênga manèh, lan ingkono mêngko aku wis mêsthi bisa ngêrik kaya rasêksa, ngakak kaya naga, lan anggêrêng kaya sato galak, kang bisa agawe lêganing panggalihe sang prabu sarta para tamune kabèh.

Sarêng sang prabu Wladhimir mirêng aturipun Solowe ingkang makatên punika, enggal-enggal dhawuh dhatêng salah satunggiling abdi makatên:

Enggal-enggal kowe lumêbua ing kadhaton, ngisènana anggur ing gêlas kang gêdhe, sarta tumuli gawanên mrene, lan wènèhna marang Solowe iki.

Abdi ingkang kautus enggal lumêbêt ing kadhaton, ngèstokakên dhawuh nata. Botên watawis dangu abdi wau sampun wangsul malih kanthi ambêkta gêlas agêng isi anggur, ingkang lajêng kasukakakên dhatêng Solowe. Anggur punika sanalika inggih lajêng dipun ombe saglêgêgan kemawon. Nanging sasampunipun, ing sêmu Solowe lajêng satêngah mêndêm, amila anggènipun mituruti parentahipun Ilya inggih namung satêngah-satêngah kemawon. Inggih punika: piyambakipun lajêng ngêrik kados rasêksa, ngakak kados naga, tuwin anggêrêng kados sato galak, botên lirih, malah sakiyatipun. Jalaran saking soraning suwara wau, ngantos kathah mênaraning karaton ingkang sami jugrug, sakathahing kaca ing kitha Kiyèp sami pêcah, kapal-kapal ingkang sami kacancang wontên ing saka agêng-agêng sami ambêdhal saking cancanganipun sarta bêbandhangan turut margi, adamêl risak sadaya ingkang katrajang. Para pangeran tuwin para satriya sami dhawah sumaput, para prajurit sami kêbanting ing siti, utawi sami miruda. Dene sang prabu Wladhimir tuwin sang pramèswari sami ngasta Ilya kanthi kêncêng, kadosdene badhe mundhut biyantu.

--- 1456 ---

Kanthi ngarih-arih, para satriya lan prajurit lajêng sami anjawab dhatêng Ilya makatên.

Sadhèrèk Ilya, mugi wêlasa dhatêng kula sadaya. Dhawuha dhatêng pun Solowe supadosa kèndêl anggènipun ngumbar suwaranipun, awit manawi botên, kula sadaya, punapadene kitha Kiyèp, têmtu sagêd tiwas.

Ilya enggal-enggal anyakêti Solowe sarwi wicantên makatên:

He, Solowe, genea kowe ora miturut apa kang dadi parentahku. Parentahku mau, kowe tak kon ngumbar suwara sawatara bae. Geneya anggonmu ngêrik, ngakak lan anggêrêng têka kanthi sarosamu.

Sasampunipun wicantên makatên, Ilya lajêng nyandhak tanganipun begal kalih pisan, talikunganipun dipun uculi, katuntun dhatêng ing papan tênggar, saha lajêng kacancang wontên sangandhaping kajêng agêng. Salajêngipun Ilya nuntên amênthang jêmparing tuwin wicantên makatên:

Wis cukup anggonmu ngêrik kaya rasêksa, ngakak kaya naga, apadene anggêrêng kaya sato galak, pira cacahe bapa lan biyung kang wus kocolong anak-anake. Kabèh mau aku saikine kang bakal malêsake ukum. Akèh bangêt wong wadon nonoman kang bojone padha kopatèni, sarta nganti padha dadi rôndha. Dosamu kang samono gêdhene iku wajib kudu winalês ukum, akèh bocah-bocah kang wong tuwane padha kopatèni, nganti bocah-bocah mau wusanane padha kapiran, lan akèh sing padha mati kalirên. Jalaran saka dosamu iku, pancènè kowe kudu nômpa ukuman kang luwih abot. Nanging aku ora nêdya nibakake ukum picis nyang kowe, kang pancène wis mathuk bangêt tumrape titah kang samono gêdhening dosane. Nanging aku ora bisa yèn nguripi mênyang kowe.

Sasampunipun wicantên makatên, jêmparing lajêng kalêpasakên saha ngengingi dhadhanipun Solowe. Saking soraning panjêlihipun Solowe, ngantos suwaranipun adamêl orêging bumi, manungsa saha sato kewan sami giris sadaya. Samangke Solowe sampun dumugi ing pêjah, kuwandanipun gumandhul ing wit-witan. Sadaya têtiyang ingkang ing suwau nyêbut namanipun kemawon sami ajrih, samangke purun amêmoyoki tuwin sêsumbar dhatêng mayitipun Solowe.

Sang Prabu Wladhimir sakalangkung rêna ing galih, dene prajanipun sagêd linuwaran saking mêngsah ingkang ambêbayani makatên. Ing salajêngipun sang prabu nuntên angandika makatên:

Ilya, prajurit kang prawira, ingsun, apadene kawulaningsun kabèh, ngucap sukur lan bangêt panarimane, dene sira wis bisa amatèni si Solowe. Ingsun saiki nêdya angganjar marang sira, kayadene apa kang sira sênêngi. Wiwit dina iki sira ingsun angkat dadi têtindhihing prajurit kang dhuwur dhewe, lan saindênging praja Ruslan kene, kabèh para ahli ngrumpaka mêsthi bakal padha gawe rêrumpakan ing bab kêkêndêlan lan kaprawiranira kabèh. Sabanjure sira ora têtêp mung jênêng satriya kabur kanginan kang tanpa papan padunungane, malah sira kudu dêdunung ing Kiyèp kene ambantu prajurit ingsun anggone padha anjaga nagaraningsun iki marang panêmpuhing mungsuh. Mula nyata ingsun bungah lan lêga ing panggalih, dene sira wis tumêka ing kutha lan ing kadhaton ingsun iki. Ayo saiki padha dibanjurake anggone padha boja ôndrawina.

Para pangeran, para satriya lan para prajurit, punapadene para abdi dalêm sadaya lajêng sami andhèrèkakên tindakipun sang prabu tuwin sang pramèswari, lumêbêt ing kadhaton. Sarêng sang prabu sapandhèrèkipun wau lumêbêt ing gapura agêng ingkang anjog dhatêng ing kadhaton, sadaya sami kagèt lan ngungun, awit ing plataran ngriku kêbak garobag ingkang katarik ing kapal pintên-pintên saha giras-giras. Dene garobag-garobag wau dipun momoti mas picis donya brana, ingkang èdi lan pèni tuwin kathah rêrêgènipun, angungkuli sadaya mas picis donya brana kagunganipun sang Prabu Wladhimir piyambak. Grobag ingkang ngajêng piyambak, dipun tumpaki ing satunggiling wanita ingkang taksih katingal nèm saha sakalangkung endah ing warni. Wanita wau dipun apit-apit ing anakipun èstri tiga utawi anakipun jalêr ingkang taksih alit-alit cacahipun wontên nêm. Sarêng wanita tuwin anak-anakipun wau sumêrêp dhatêng Prabu Wladhimir, enggal lajêng sami mandhap saking tumpakanipun saha lajêng sami ngambung sampeyanipun sang prabu. Kanthi gumun sang prabu lajêng amirsani dhatêng wanita tuwin anak-anakipun sarta nuntên adhawuh makatên:

He, ngadêga, wanita, mêngkono uga kowe bocah-bocah, padha angadêga. Ngêmungake marang ingkang murbèng kuwasa, sira anêmbah kaya mangkono, ora marang ratumu. Sabab ratumu iku mung jênêng bapakne para kawula ing saindênging praja Ruslan. Wis, ta, tumuli ngadêga, lan matura marang ingsun, sapa sira, lan apa karêpe, pirang-pirang grobag isi mas picis donya brana ana ing kene iki.

Badhe kasambêtan.

Pawartos saking Redhaksi.

K. 1945. ing Bantul. Dhawuh Ju Lê, 2 Ruwah Ehe 1876 utawi kaping 13 Juli 1945.

K. 2809 ing Prambanan. Dhawah taun Jawi 1836 dintên Jumuwah wage.

K. 4748 ing Têgalrêja. A Pa 19 Siyam Jimawal 1837 dhawah 27 Oktobêr 1907. Sn Kli 1 Siyam 1835 dhawah 30 Oktobêr 1905.

K. 432 ing Kudus. 11 Mulud 1823 dhawah 24 Sèptèmbêr 1893.

Tuwan S.M.D. ing Ngayogya. Kajawèn sampun wontên gambar konggrès. Bab papan sade buku botên cêtha.

--- 177 ---

Nomêr 45, Taun II.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Rêbo.

Dèwi Kunthi

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 90.

Kacariyos, kalanipun lampahan Krêsna Duta, Sri Krêsna dinuta ngantêb Korawa babagan praja Ngastina saha winêling, sasampuning damêl kaaturan têdhak dhatêng Ngawôngga, ngaturi kondur ingkang ibu Dèwi Kunthi, jalaran nalika punika sang dèwi wontên ing ngriku, ngrimuk ingkang putra Sang Karna manawi saèstu pêrang Baratayuda puruna ambalik ngrencangi Pandhawa.

[Grafik]

Sang Karna

Sang Karna inggih Sang Suryaputra punika putra pambajêngipun Sang Dèwi Kunthi kalanipun taksih kênya, mênggah cacriyosanipun makatên: Sang dèwi anggêguru aji: kunta wêkasing rasa dhatêng Bagawan Druwasa inggih Sang Hyang Surya, dayanipun sagêd aputra ingkang linangkung. Sang dèwi winêling, sadèrèngipun apalakrama botên kenging ngungêlakên ajinipun wontên ing pasarean. Nanging sang dèwi kêsupèn, ambokmanawi sampun karsaning dewa ingkang linangkung, wontên pasarean ngungêlakên ajinipun, satêmah anggarbini tanpa lawanan. Sarêng sampun dumugi ing môngsa, awit saking kasêktènipun Sang Hyang Naradha jabang bayi lair mêdal ing talingan, lajêng kawadhahan ing kêndhaga, kabucal dhatêng samodra, kapupu dhatêng nata ing Prêthapralaya, kaakên putra.

--- 178 ---

Sri Krêsna saèstu têdhak dhatêng Ngawôngga, Sang Karna wangkot, ngèngêti kasatriyanipun têtêp angrencangi Korawa, dene ingkang ibu kaaturakên dhatêng Sri Krêsna. Sapêngkêripun Sri Krêsna, sang Karna rumaos kêduwung, Si Krêsna dipun tututi, ingkang ibu kasuwun, botên parêng, satêmah pôncakara, Sang Karna kasoran. Mila lajêng mupus ing pêpasthèn, oncatipun ingkang ibu prasasat oncating nyawanipun, madêg suraning driya, dumugining prang Baratayuda lena ing madyaning rana, nêtêpi kasatriyanipun.

Nyi Darmaprawira.

Kêpanjèn - Malang.

Madu Brôngta

Sinjang punika wontên ingkang wujudipun pating plênok ajêg tunggil wangun. Sêratan ingkang kados makatên punika namanipun cêplokan, lajêng dados nama baku. Upaminipun, cêplok madubrôngta, nanging limrahipun namung nama: madubrôngta, kados wujuding gambar punika.

[Grafik]

Sinjang madubrôngta punika satunggiling sinjang ingkang wujudipun pèni, pantês dipun agêm ing kakung tuwin putri, pinanggihipun namung sarwa luwêsan, manawi dipun agêm katingal wanguning sinjang kina, malah ugi kenging dipun wastani golongan sinjang ingkang ngrawit sêratanipun. Ingkang dipun wastani sinjang sae, punika wujudipun barès, nanging katingalipun sumêblak sakeca wontên ing sawangan, dipun angge pameran mungguh, dipun angge padintênan botên ngêgètakên.

Tumrapipun wontên ing Surakarta, sinjang madubrôngta punika kêgolong dados satunggiling sinjang pilihan, têgêsipun dipun pilala, malah pinanggihipun wontên ing karaton dalêm, kadosdene kapacak kangge anggèn-anggèning para abdi dalêm ingkang nuju kapacak ing kalanipun kangge andhèrèk wiyos dalêm, ingkang kaparêngakên mangangge bêbêdan. Dados têrangipun, sinjang ingkang kados makatên punika pancèn dados pêpilihan.

Sinjang madubrôngta punika manawi dipun agêm ing para putri, mungguhipun manawi dipun agêmi rasukan dhêdhasar cêmêng.

Mirid saening sinjang, mênggahing rêgi, sanadyan ing môngsa mirah, botên sagêd kirang tigang ringgitan.

Biyang Sri.

--- 179 ---

Bab Kamodhèrênan

Anggèn kula ngaturi wangsulan dhumatêng sadhèrèk Landêp, ingkang sampun karsa maringi pirsa dhatêng kula bab wanita modhèrên ragi kasèp, margi kula ngêntosi pamanggihipun sadhèrèk S. Wir. Botên langkung ngaturakên gunging panuwun kula dene sadhèrèk Landêp karsa maringi katrangan bab gêsang modhèrên punika.

[Grafik]

Para priya lan wanita ingkang sêsarêngan ulahraga main badminton.

Dados modhèrên punika botên atêgês sarwa enggal ta, nanging malah sarwa prasaja. Ingkang punika kula cocok 100%, awit papan panggêsangan badan kula punika sanajan ta ing Sêmarang, nanging sampun kapetang ing dhusun. Dados ing sakiwatêngên kula inggih sarwa prasaja sadaya. Punapa malih tiyang kados kula botên ngraosakên ebatipun jaman rêkaos, dados gêsang prasaja punika sampun dados adat padintênan. Ananging bab kèju, mêrtega, radhio, mèbêl, kados dhawuhipun sadhèrèk S. Wir, sadaya punika manawi katingal wontên rak kenging tanêdhatinêdha. tuwin anggadhahi. Awit mêrtega, kèju punika rak sakêdhik-sakêdhik inggih andayani dhatêng badan, sanajan ta botên prêlu tiyang nêdha barang ingkang eca-eca makatên punika, sabab têtêdhan ingkang langkung mirah inggih botên kirang ingkang sami anggadhahi daya dhatêng badan.

Radhio punika inggih sanès kabrêgasan, nanging ugi migunani dhatêng tiyang, botên kok tiyang rintên dalu tansah mirêngakên musik dhansah-dhansahan utawi awayan kemawon. Punapa botên mat-matan manawi sagêd mirêngakên klênengan-klênengan, punapa malih manawi kintunan saking karaton dalêm utawi saking para luhur ing Surakarta tuwin Ngayogya. Punika rak anjalari mêncaring kagunan Jawi, sagêda kabudayan rumêsêp ing balung sungsum, luhuring bôngsa punika kenging kaukur saking inggiling [ing...]

--- 180 ---

[...giling] kabudayan. Kadosdene bêksan Jawi sagêd kipêtontonakênkapitontonakên. dhatêng nagari Walandi, punika têtiyang têmtu sami gumun dhatêng alusing wirama, ngantos samangke kathah para sujana ing môncanagari sami ngudi dhatêng kabudayan Jawi, punika kacêtha ing tanah Kêjawèn. Dados nêdha eca, nyandhang lan gêgadhahan sae punika manawi pancèn kêwagang, rak inggih botên wontên awonipun, beda manawi pancèn botên wontên, lajêng dipun wontên-wontênakên. Bab tatacara tuwin kasusilaning wanita mudha bôngsa kula punika kabêkta saking papan panggenanipun ingkang kula kajêngakên punika, botên kok tiyang saking warni-warni panggenan kados dhawuhipun sadhèrèk S. Wir, ing Sêmarang, Sala, Rêmbang sapiturutipun.

Badhe kasambêtan

mbok Ar

Abon K. 5355 Traverdoeli

Bab Olah-olah

Sop Ayam

Ayam 1, brambang agêng 2 kasigar dados 2, lajêng kabakar satêngah matêng, sarêm, pala, mrica, slèdri, saos Inggris, susu kintên-kintên 2 gêndul, tigan 2 kalihan pêthakipun.

Pangolahipun: ayam kagodhog, kasukanan brambang, sarêm, mrica, pala, slèdri. Manawi sampun ulamipun dipun irisi. Duduhipun kasaring, kasukanan saos Inggris. Tiganipun kaublêk ngantos pêthak lajêng kacampur susu, têrus kakêmpalakên ing duduh wau, lajêng dipun godhog, sampun ngantos umob lan dipun udhag têrus.

Almunir

Amundhuta: kakap, susu, sarêm, mêrtega lan galêpung.

Pangolahipun: kakap dipun icali rinipun lan kulitipun, lajêng dipun kumbah sarêm lan asêm, têrus kakumbah toya malih. Sasampunipun dipun dèkèk ing piring kasukanan susu lan sarêm, lajêng kagorèng mawi mêrtega. Pandhaharipun ngangge kênthang.

Puyonghang

Kêpithing 5 dipun pêndhêt dagingipun, tigan 5, brambang, godhong brambang, bawang, slèdri, kobis, duduhipun daging (kaldhu), glêpung 1 1/2 sendhok dhahar, cokak, sarêm, mrica sacêkapipun.

Pangolahipun: tigan dipun ublêk, manawi sampun, bumbu lan ulamipun kêpithing kacampurakên, rajangan brambang wau kagorèng kaliyan mêrtega lajêng dipun sukani duduh lan galêpung, cokak, manawi sampun umob, kobis, kalêbêtakên, manawi sampun matêng saèstu wiwit dipun êntas.

Surtinah

Gêdhongan, Majakêrta.

--- [1457] ---

Ôngka 93, Stu Wa, 17 Pasa, Ehe 1868, 20 Nopèmbêr 1937, Taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Kêrapan - Kabêsmèn ing Singkawang - Unggulipun Manungsa Tumrap Sêsakit malaria - Kawontênan ing Tiongkok - Kawontênan ing Purwakêrta - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Undha-usuking awon lan sae

Ingatasing babagan kabatosan, awon lan sae punika tansah dados ambah-ambahan, tiyang botên sagêd nilar dhatêng bab punika.

Pamawas ingkang kapisan, awon punika inggih awon, sae punika inggih sae, badhea dipun wor inggih botên sagêd, tandhanipun tiyang anglampahi awon punika inggih awon kemawon, tiyang nglampahi sae punika inggih sae kemawon. Pamawas ingkang kados makatên punika pancèn sampun lêrês. Nanging sarèhning punika babagan kabatosan, pamawasipun inggih kêdah lêlambaran batos, tuwin sarèhning batos punika apawitan badanipun piyambak, tamtunipun lajêng saya cêtha anggènipun damêl wawasan, awit punapa-punapa sampun kasarira piyambak, tamtunipun anggèning mrênahakên awon tuwin sae sampun mapan yêktos, awon botên purun ngangge, sae inggih botên.

Ing ngriku lajêng minggah wawasanipun, bilih awon tuwin sae punika araos botên wontên, saya malih tumraping namung têmbung, tamtu saya botên nabêti punapa-punapa. Awit salugunipun namung ngangkah rêsiking batos, sampun ngantos kêlepetan punapa-punapa.

Manawi mirid andharan ingkang kados makatên punika, kados-kados sampun cêtha, kaperang makatên, upami: ucap awon.

1. Punika tumrap ingkang perangan andhap, nêtêpakên ing awonipun.

2. Tumrap ingkang sampun minggah wawasanipun amastani ucap awon sae punika namung dados prabot, badhe botên angewahakên raosing kabatosanipun.

3. Dene tumrap ingkang sanginggilipun malih, saya sagêd anjêmbarakên wawasan, sarèhning ucap awon punika tansah dados pradondi, inggih dados sabab, inggih botên, bok inggih sampun botên dipun ucapakên kemawon. Tuwin malih tumraping bêbudèn alus, ngucapakên têtêmbungan awon wontên ing lesan, punika sampun kêraos risi.

Sajatosipun sadaya wau, manawi dipun manah yêktos, nama sawêg dados prabot caraning ngudi kabatosan ingkang lêrês, mila tansah sandhingan sambekala.

Cêkruktruna.

--- 1458 ---

Kawruh Sawatawis

Kêrapan

Kados sampun kathah para maos ingkang sampun nate priksa utawi midhangêt têmbung kêrapan, nanging sanajan makatêna, inggih nama prayogi sangêt saupami ing ngriki kula ngaturi katrangan malih, sagêda damêl ngrêtosipun ingkang dèrèng priksa.

[Grafik]

Nalika badhe tapuking kêrapan sapi ing Madura.

Mênggah kêrapan punika, satunggaling kasênênganing bôngsa Madura. Kêrapan inggih punika balapan lêmbu, sok mawi totohan utawi botên. Limrahipun manawi wontên bôngsa Madura sugih sumêdya badhe gadhah damêl, inggih mawi ngawontênakên, saminipun têtiyang Jawi Têngah nanggap ringgit wacucal.

Kangge ing tanah Jawi Wetan inggih punika ing kitha agêng-agêng ingkang kathah tiyangipun Madura, langkung-langkung malih ing tanah Madura pisan, manawi nuju dintên agêng wiyosan dalêm Sri Bagendha Maharaja Putri utawi wiyosan sanès ingkang dipun urmati sangêt, ingkang sampun-sampun inggih mawi têtingalan kêrapan.

Mênggah caranipun punika makatên:

Ing sadèrèngipun dumugi wanci kêrapan, ingkang mangajêngi karamean sampun nampèni panêmbungipun tiyang ingkang sumêdya tumut kêrapan. Bab punika prêlu sangêt, supados pangajênging karamean sagêd mranata punapa ingkang gêgandhengan. Upami prakawis nomêr-nomêring lêmbu ingkang badhe dipun kêrap, ganjaran lan sasaminipun.

Ing papan ingkang badhe kangge kêrapan kêdah sampuna dipun tata, dipun sukani watês, pinggiran, cagak pamasang nomêr ingkang mênang, palênggahaning juru nimbang utawi sanèsipun malih ingkang dipun anggêp prêlu dening nagari.

Mênggah lêmbu ingkang badhe dipun kêrap punika, wah, pancèn ngrêmênakên sangêt wujudipun. Inggih lêma-lêma, rêsik-rêsik, sarta kiyat-kiyat. Pramila makatên, awit têtiyang Madura punika pancèn gumatos sangêt dhatêng lêmbunipun. Lêmbu-lêmbu ingkang sok dipun kêrap punika, botên dipun sukani padamêlan narik cikar, anggaru sabin, lan sasaminipun, namung dipun wêlêg ing têdha kemawon. Dipun jampèni amrih kiyat, dipun rêsiki badanipun sabên wanci enjing lan sontên, dipun ajak lumajêng rikat utawi rindhik, manut dhatêng ingkang gadhah.

--- 1459 ---

Pancèn ing bab pangingah lêmbu, kula sagêd nêrangakên lan mêsthèkakên, bilih têtiyang Madura racakipun langkung sae tinimbang tiyang Jawi. Malah kathah kemawon têtiyang dhusun ingkang trêsna sangêt dhatêng ingah-ingahanipun.

Lêmbu ingkang badhe dipun kêrap punika, beda sangêt warninipun kalihan lêmbu turunan Bênggala. Lêmbu Madura racak sami trêngginas-trêngginas, botên gadhah punuk, sarta sungunipun cêlak, botên panjang.

Samangke kaparênga kula mangsuli bab kêrapan. Kirang sadasa dintên utawi saminggu saking dhawahing kêrapan, lêmbu-lêmbu sampun sami dipun jampèni, dipun wilujêngi, dipun sajèni, dipun borèhi. Warni-warni sangêt caranipun têtiyang Madura anggènipun ngangkah purih mênangipun. Sadintên sadèrèngipun kêrapan, lêmbu-lêmbu sami dipun arak mubêng-mubêng kitha, dipun damêl nyarakit. Inggih mawi pasangan punapa, sarta saking pasangan wau wontên kajêng dhatêng wingking kados pirantos anggaru sabin, gunanipun inggih kangge palinggihanipun ingkang ngêrèh. Lêmbu sapirantosipun dipun sukani rêrênggan sarwa sutra utawi cita limrah, pangilon ing bathuk, kalung sêkar-sêkar, buntal tuwin sanès-sanèsipun.

Sabên sabala, inggih punika lêmbu sarakit saha ingkang nglampahakên, mêsthi ambêkta pangiring ingkang nabuhi. Ingkang botên gadhah inggih cêkap kênthongan kirang langkung sadasa, dene ingkang gadhah inggih mawi gôngsa saèstu, tabuhan ricik-ricik utawi Kêbogiro.

Caranipun manawi badhe ngêrap makatên: lêmbu sarakit (sabala) dipun jèjèrakên kalihan bala sanès ugi sarakit. Ing sabên rakitan mêsthi wontên tiyang ingkang badhe anjagi plajênging lêmbunipun. Ing wingkinging rakitan, wadyabalanipun, manawi aba sampun dhumawah, sakala lêmbu-lêmbu wau lajêng lumajêng anggêndring rikat sangêt, sami kalihan plajênging kapal ambandhang punika. Pundi ingkang dumugi ing êndon rumiyin inggih punika ingkang mênang.

[Iklan]

Ganjaran ingkang dipun tampi punika sapele sangêt, botên môntra-môntra mèmpêr kalihan waragadipun, ewadene sabên badhe wontên kêrapan mêksa kemawon kathah ingkang nglêbêtakên namanipun. Pramila makatên, awit ingkang dipun bujêng wau sanès ganjaran, namung lugu marêm lan sênênging manah.

Manawi kalêrês wontên kêrapan, ingkang ningali kathah sangêt. Botên namung atusan kemawon, ngantos ewon.

Kajawi kêrapan, wontên malih kasênênganipun tiyang Madura, inggih punika ngabên lêmbu. Ing sanès wêkdal kemawon kula aturakên.

Wasana atur kula bab kêrapan namung samantên, lowung kenging kadamêl imbêt-imbêt.

Kula: Tiyang inggil.

--- 1460 ---

Kabêsmèn ing Singkawang

Lêlampahan ing jagad punika pinanggihipun kados ungsum-ungsuman, botên beda kados mangsaning wowohan. Nanging mangsan wau manawi dipun yêktosi, inggih botên oncad saking nyatanipun. Kados ta: môngsa bêna, punika jalaran saking môngsa rêndhêng, makatên ugi kêbêsmèn, punika tuwuhipun wontên ing môngsa katiga. Sabên sampun wiwit tuwuh wontên wartos kêbêsmèn, inggih lajêng wontên kemawon.

[Grafik]

Nanging manawi tumrap kêbêsmèn wau inggih wontên anèhipun sawatawis. Ingkang dipun wastani anèh wau dene pinanggihing kêbêsmèn wontên ing sanès-sanès nagari, trêkadhang sami agêng-agêngan.

Dèrèng dangu kawartosakên, ing Singkawang wontên kêbêsmèn ngantos nêlasakên griya pintên-pintên kampung, kados ingkang kacêtha gambar-gambar nginggil punika. Gambar nginggil piyambak: griya-griya ingkang musna punapadene watêsing griya ingkang kêtulungan. Ngandhap têngah: sêsawangan têbaning tilas kêbêsmèn ing Pasar Pagi lan ing Pasar Têngah. Ngandhap: mêsjid enggal ingkang tumut kabêsmi.

--- 1461 ---

Bab Kasarasan

Unggulipun manungsa tumraping sêsakit malaria.

Mênggah unggul utawi digjayanipun têtiyang murih sirnaning sêsakit malaria punika nyata katôndha saking kasagêdan pangudi lan pamriksanipun para dhoktêr ingkang linangkung, sapunika sampun katingal piguna tuwin saenipun amitulungi dhatêng gêsang saha kasarasanipun tiyang sadonya, dening para dhoktêr sampun sami sagêd nanggulangi sêsakit malaria ngantos têtiyang ing tanah ngriki botên patos was utawi kuwatos malih dhatêng sêsakit malaria wau, sanajan padununganipun botên têbih kadhoktêran. Sanajan dunungipun têbih kadhoktêran pisan, sêsakit malaria wau sampun kasumêrêpan panularipun dhatêng têtiyang ingkang saras labêt saking dipun cakot lêmut malaria. Têtiyang lajêng sagêd mranata, anjagi utawi nulak thukuling sêsakit wau sarana pratikêl ingkang lugu lan maton, wêkasan têtiyang sadhusun utawi sakitha botên sagêd kataman sêsakit punika. Ananging sajatosipun sanajan anggènipun nanggulangi kanthi saèstu, kenging katêmbungakên sampurna, ing sarèhning têtiyang sadhusun utawi sakitha wau saperangan ingkang sakit botên sadaya sagêd saras babarpisan, satunggal kalih têmtu taksih wontên ingkang ngandhut wisa (bacil) malaria wau, tur samôngsa-môngsa inggih sagêd kumat utawi thukul malih, milanipun tiyang utawi dhoktêr inggih botên sagêd nyirnakakên sêsakit wau ngantos ical babarpisan.

[Grafik]

Blumbang ingah-ingahan ulam bandêng ingkang kapanggenan lêmut malaria.

Ewadene tiyang utawi dhoktêr samangke sampun sagêd mitulungi lan mrênata. Ing pundi-pundi panggenan, dhusun utawi kitha, ingkang pancèn sampun kacêluk têtiyangipun sami kataman sêsakit punika, ngantos sabên taun mèh kenging katêmtokakên wontên pagêblug sêsakit malaria, tiyang ingkang pêjah atusan trêkadhang ngantos ewon, ing jaman samangke pagêblug sêsakit makatên wau botên sagêd ngômbra-ômbra, karana samôngsa sampun konangan dening priyantun B.B. utawi dhoktêr têmtu tumuntên sagêd kabujêng dipun tata, dipun jagi lan dipun tanggulangi ngantos pagêblug sêsakit wau sagêd sirêp, dene nyatanipun kados ing Banyumas ing kabupaten Cilacap, ing Sumêdhang (Cikea) dèrèng lami punika.

Ing suwau para dhoktêr ingkang pintêr anggènipun ngudi lan mriksa sêsakit wau ngantos taunan laminipun, wêkasan sagêd pinanggih, lan sagêd nêrangakên [nêranga...]

--- 1462 ---

[...kên] sabab-sababipun thukuling sêsakit wau. Ing tanah ngriki sabên taun-taunipun atusan, utawi ewon tiyang ingkang pêjah jalaran kataman sêsakit malaria punika, sarta saperangan agêng tiyang siti ingkang kataman sêsakit wau, inggih kathah ingkang kalajêng pêjah, jalaran pamanggèn utawi gêsangipun têtiyang siti wau ingkang kathah sami botên kajagi rêsikanipun, mila nagari lajêng damêl pranatan panyêgahipun thukuling sêsakit wau kanthi kêncêng. Sanajan sampun wontên jampinipun (kininê) ingkang mustajab, mêksa taksih ngèngêti manawi tiyang badhe nindakakên padamêlan ingkang gawat wau, inggih kêdah ngatos-atos sarta anjagi tiyang ing panggenan ngriku ingkang sampun saras, sampun ngantos kataman sêsakit malaria malih.

[Grafik]

Sêsawangan balumbang ingah-ingahan ulam bandêng punapadene wangan ing Pasar Ikan, Bêtawi, ingkang sampun kapranata sae.

Kalimrahanipun sêsakit malaria sagêdipun nular dhatêng tiyang saras, jalaran tiyang wau dipun cakot dening lêmut malaria. Awitipun lêmut wau nyakot lan nyêrot êrahipun tiyang ingkang sakit malaria. Lêmut ingkang sampun nyêrot êrah wau, têmtu lajêng ngandhut utawi katularan wisa (bacil) malaria punika. Samôngsa nyakot lan nyêrot êrahipun tiyang ingkang saras, ingkang kathah tiyang wau lajêng sakit malaria.

Dene manawi badhe nanggulangi sêsakit punika ingkang saèstu, lêmut kêdah dipun icali, blumbangan-blumbangan pêcêrèn lan panggenan ingkang jêmbêg-jêmbêg, ingkang dipun ênggèni lêmut nigan dados ugêt-ugêt, punika sadaya kêdah dipun icali, dipun satakên utawi kaurug.

Sarèhning bab ingkang makatên wau angèl tumindakipun, awit tiyang kampung saperangan agêng taksih dèrèng mangrêtos, punapa malih ing nagari Bêtawi lan Sêmarang sacêlaking griya-griyanipun tiyang kampung kathah tambak bandêngan kangge ngingah ulam bandêng ingkang pancèn dados pangupajiwanipun têtiyang ing kampung ngriku, ing môngka toya bandêngan punika dados panggenan kangge nigan lêmut malaria wau, mila ing ngriku inggih kathah lêmut malaria, saha ing kampung-kampung sacêlakipun bandêngan wau inggih kathah sangêt tiyang ingkang kataman sêsakit malaria.

--- 1463 ---

Sarèhning kampung-kampung wau cêlak kalihan kitha-kitha agêng (Bêtawi, Sêmarang) dados têtiyangipun ing kitha wau ugi gampil sangêt katularan sêsakit malaria.

[Iklan]

Sapunika gèk kadospundi ingkang prayogi katindakakên kangge nyêgah sêsakit punika.

Yèn ta bandêngan wau dipun urug inggih punika ingkang gampil lan prayogi piyambak, nanging waragadipun inggih botên sakêdhik, kintên-kintên kangge Bêtawi kemawon dasanan yuta. Bandêngan ical, ulam bandêng inggih ical, pangupajiwanipun têtiyang ngriku ugi ical, paosipun nagari botên mêdal, dados têtiyang alit utawi nagari kapitunan agêng.

Ingkang makatên punika nagari lajêng anggalih, botên prêlu bandêngan wau dipun icali, amargi damêl kapitunanipun têtiyang kathah. Nagari lajêng nêtêpakên Commissie, lidipun para dhoktêr lan Ingenieur sami kapatah nyinau murih prayogining kawontênan ing ngriku lan kadospundi sagêdipun ngicali lêmut malaria, sarana nyumêrêpi pamanggèn lan paniganipun ing ngriku, dados wosipun, Commissie kêdah ngudi sagêdipun ngicali lêmut lan panggenan anggènipun nigan, nanging bandêngan têtêp kêdah taksih wontên.

Ulam bandêng ingkang dipun ingah wontên ing bandêngan wau gêsangipun kajawi nênêdha rêrêgêd ing toya inggih prêlu pikantuk têtêdhan saking lumutipun ganggêng ijêm ingkang kumambang ing toya ngriku.

Badhe kasambêtan.

R. Sumadirja, Ind. Arts. Sêmarang.

--- 1464 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Tiongkok

Sêsulaking paprangan ing Tiongkok katingal sampun anyêlaki sirêp, urubing latu ing papan ingkang kêbêsmèn, kados sasmita nyêngkakakên dhatêng karisakan. Kukus cêmêng anggêmbulêng kados nyapih ingkang sami paprangan, panêmpuhing wadya Tiongkok botên tolih wingking, sami nekadakên aluwung tiwas tinimbang angunduri. Pangêpangipun wadya Jêpan wontên ing Sapèi adamêl girising mêngsah, wadya Tiongkok kêpêksa angunduri. Inggih ing wêkdal punika bêdhahipun kitha Sapèi. Panêmpuhipun wadya Jêpan ing kala punika sampun waringutên sangêt, pundi mêngsah ingkang katingal lajêng dipun lêpasi sanjata. Makatên ugi tumrap wadya Tiongkok ingkang sampun kêsêsêr, niyatipun namung badhe ngantêpi utamining prajurit, pêjah wontên iing. paprangan, mila kêlampahan sami tiwas.

Ing ngriku katingal antêping tekadipun wadya Tiongkok, botên maèlu dhatêng rêrigênipun bôngsa Inggris, ngungsi dhatêng laladanipun, lumuh ngèngêti dhatêng pamrayogining sanès, awit pancèn sampun angrungkêbi tekad. Ing wêkasanipun kathah ingkang sami nêmahi tiwas, malah kenging dipun wastani tumpês dalah têtiyang ingkang sanès prajurit, jalêr èstri punapadene lare. Tumrapipun Jêpan ing kala nêmpuh punika pancèn dipun jarag ngêtog karosan, niyat numpês têtiyang ingkang botên purun sumingkir saking ngriku.

Sadalu muput kêbêsmènipun pinanggih saênggèn-ênggèn, urubing latu katingal ngalad-alad sundhul ing langit, adamêl kasamaranipun papan sanès, awit bêbaya ingkang kados makatên punika badhe gampil marèmènipun.

Enjingipun sasirêping suwaranipun mriyêm tuwin sanjata, punapadene sirêping kêbêsmèd,kêbêsmèn. wujuding kitha katingal sakalangkung mêmêlas, kitha ingkang suwaunipun sakalangkung pèni, santun awujud arêng tuwin awu maradini ing pundi-pundi. Bangke pating jalêmpah pinanggih ing pundi-pundi, têtiyang ingkang taksih gêsang pating bilulung nêdya pados pangungsèn. Kawontênan ingkang kados makatên punika sakalangkung adamêl ngêrêsing manah.

Sarêng Syanghai nêmahi karisakan, lajêng tuwuh awis têdha, rêrêgèning barang têtêdhan lajêng nyêngkrèk sangêt, indhakipun ngantos 500%. Malah bab kêkirangan têdha wau dangu-dangu saya nguwatosakên, sagêd ugi têtiyang ing ngriku tumpês jalaran saking kaluwèn. Ingkang makatên punika tumrap pangagêng nagari lajêng ngawontênakên pajagèn, sampun ngantos wontên ura-uru ingkang tuwuh saking para kaluwèn wau.

Kasoranipun wadya Tiongkok ingkang pinanggih kados makatên punika, nuwuhakên pangintên badhe kalajêng-lajêng anggèning apês. Nanging mênggah nyatanipun, wadya Tiongkok dèrèng paja-paja anyampuni pananggulangipun, unduripun tansah ajagi-jagi, inggih sanadyan nêmahana kadospunapa, [kadospuna...]

--- 1465 ---

[...pa,] badhe dipun têmah. Dene ingkang minôngka kawêkasaning paprangan agêng, namung kantun ingkang badhe pinanggih ing Nanking. Nanging Tiongkok têtêp anggènipun badhe ngajangi.

[Iklan]

Miturut wartos saking Nanking, Jêpan saya liwung panêmpuhipun, lajêng nêmpuh griya sakit Sèndhêng Amerikah, môngka ing sanginggiling griya sakit wau sampun dipun panjêri bandera Amerikah. Ing bab punika sagêd ugi badhe dados dhadhakan kirang prayogi.

Tandangipun wadya Tiongkok saya katingal kêndho, dening para prajurit ingkang tumandang sami taksih enggalan, kirang mangrêtosipun dhatêng ulah paprangan, mila ulahipun namung mundur, saha tansah dipun angsêg ing wadya Jêpan.

Jêpan ingkang ngraos unggul, pangêlaripun jajahan saya mindhak-mindhak, malah lajêng sagêd ngêbroki Siyaho Siyao, kaprênah sakidul kilèn Kwinsan, salajêngipun taksih ngangsêg mangilèn, urut margi sêpur Nanking-Syanghai. Saking ngriku lajêng ngayati pêdhoting barisan Tiongkok, ingkang nuju mundur. Kajawi punika lajêng sagêd ngêbroki Nansiyang tuwin Anting.

Ing ngriku adêging wadya Jêpan saya santosa, panjanging baris ngantos 100 kilomètêr, wiwit saking Liyuho, sacêlakipun lèpèn Yangce, nêkuk narajang Siyaho Siyao ing margi sêpur Syanghai-Nanking dhatêng Kasan, tuwin margi sêpur Syanghai-Angso.

Ing sapunika tumrap gêgayutanipun Jêpan kalihan Inggris, pinanggihipun saya dangu saya mrênding. Jêpan sampun kaping kalih dipun purih andhatêngi dhatêng parêpatan ing Brusêl, nanging puguh botên purun, malah ing sêmu katingal anggènipun botên kêdugi. Ing salajêngipun Inggris namung ngèndêlakên kemawon anggèning rakyat sami angêmohi barang Jêpan. Punika ugi sampun dados pêpucuk tandhaning botên rêna.

Malah ing salajêngipun, Jêpan katingal sêrêng dhatêng praja-praja ingkang gadhah jajahan wontên Syanghai, pangancamipun Jêpan, manawi para wêwakil praja sanès tansah nyaruwe dhatêng tindakipun Jêpan, mangke Jêpan kalampahan angêbroki dhatêng papan-papan ing ngriku sadaya.

Kados makatên saya ramening paprangan ing Tiongkok.

--- 1466 ---

Kawontênan ing Purwakêrta

IV.

Garèng : Aku ngrungokake caritamu ing bab rekadayane kaum Kristên anggone arêp ngajokake pakumpulane, lho, kuwi kok rumasa kataman atiku, Truk. Hla iya kêpriye, ta, sangune dunya dianani, mêngkono uga sangune akerat. Wah, iya wis kumplit kuwi jênêngane, apa manèh yèn ana wong anyar têka banjur diudhoni ... sêkêthip, saya le têtêp jênêng: reklamê bêsar.

Petruk : Nèk ngomong kuwi ambok aja sagêlêm-gêlêm mêngkono. Rumasamu apa dhuwit kuwi mung kèri ngêruki bae. Kathik anggêr uwong arêp diêdumi mêngkono. Banjur têka diunèkake: reklamê bêsar, rumasamu kuwi apa kumpulan ... kêthoprak apa, kathik nganggo nganakake reklamê barang.

Garèng : Hara, rak banjur salah tômpa. Ing kene aku mung arêp anglairake gêdhening pangaji-ajiku marang rekadaya kang mumpuni mêngkono kuwi mau. Ewasamono dhasare uwong kuwi akèh sing ngrèngkèl, têmtune iya akèh bae sing gêmang candhuk-lawung, nanging saupama rekadaya sing wis kumplit mau, isih nganggo ana lanjare: fulus, mêsthi saya sok-sokan, Truk, sing mlêbu ing kumpulan kuwi mau. Banjur sajake kowe ora kêduga nyang têmbung reklamê. Kok anggêp sing nganakake reklamê kuwi bangsane: kêthoprak, wayang wong, sêtambul, boskup, lan dhuwur-dhuwure bokmanawa bangsane kaum dagang, dadi gawe reklamê kuwi kok anggêp panggawe sing sajak asor, sabab katon sajak umuk-umukan, lho, mêngkono apa. Nèk mêngkono panêmumu, iki jênêngane: kliru bênggala, Truk. Tumrape saiki sabên gundhul, mêsthi gawe utawa nganakake reklamê, Truk, murih kaanane ana ing dunya aja mung tansah kèri kêponthal-kêponthal ajêgan. Kowe anjaluk tuladha, ba-gus. Ana ing pasar malêm utawa ing pènsipèr, pabrik rokok krètèk ngêdêgake bango, banjur ngêdum rokok nyang wong nonton kanthi gratis, waragade bango, sewane papan, sarta ambuwange rokok kanthi gratis mau, iki mêsthi ngêntèkake dhuwit sasayahiranèki, Truk, iki dudu gagah-gagahan, dudu brêgas-brêgasan, nanging reklamê, Truk, supaya têmbe burine rokoke bisa payu. Banjur manèh: ana ing pasar malêm utawa pènsipèr, kadhang-kadhang sok akèh prawan-prawan padha adol kêmbang, utawa dadi tukang ladèn ana ing salah sijining bango, iki iya dudu: umuk-umukan, dudu adol gawe, ora golèk alêm, nanging ... iya reklamê manèh ...

Petruk : Sê-top, ana kok banjur ora karuan sing dirêmbug mêngkono. Wis, saiki tak ambanjurake caritaku.

Garèng : Ora, Truk, aku kok bosên ngrungokake caturanamu prakara rekadayaning pakumpulan-pakumpulan anggone arêp ngajokake pakumpulane kuwi mau. Sabab rekadaya sing kaya ngono kuwi wis mratah saindênging dunya. Luwih bêcik saiki ngandhakake liyane [li...]

--- [1467] ---

[...yane] bae, kaya ta: sajêrone kowe ana ing Purwakêrta kuwi, apa watakmu sing biyèn-biyèn ora ujug-ujug: jêmbuwal mêtu maning. Jarene yèn kowe bisa pêrlop nyang Jawa Têngah, arêp kaul isêng-isêng nyêkêl krêtu, sabab miturut kandhamu, ana ing Batawi wis lawas ora wêruh: bêdor lan monyèt (gapèt, nêm cina).

Petruk : Wèh, Kang Garèng iki kathik ngrêti marang pasêmoning uwong. Mula iya bênêr omongmu kuwi, Kang Garèng. Nalikane aku ana ing Purwakêrta, mula iya nyata aku mrêlokake mara dhayoh mênyang sadulurku priyayi sêpuh sing dhèk biyèn wis kondhang konang krêsa bralingan, nanging ana ing kono aku kêcêlik, Kang Garèng, sabab panjênêngane mau wis nyêbur nyang Ardapusara, lan sabanjure sing dikrêsakake mung pèi. Mulane aku banjur kapêksa lunga tilik marang sadulurku kang ana ing desa. Ana ing kono nêmoni bêgja, Kang Garèng, sabab kala samono kabênêran ana tanggane loro sing padha sônja prêlu ... nglurug. Cêkake barêng aku têka banjur têrus têpung kalangane dadi.

Garèng : Wèh, tumbu entuk tutup ane. Banjur totohane gêdhèn apa cilikan.

Petruk : Prêluku sanyatane mung kanggo tômba kêpengin bae, mulane iya ora mrêduli nyang totohane. Cilikan bêcik, gêdhèn iya bagus.

Wah, Kang Garèng, carane main ana ing kono beda karo ing liya-liya panggonan. Kaya ta: ing Têmanggung, kuwi carane main, ana jago siji, jago loro lan jago buri, tur ana balon, ana trup. Ing Magêlang rada gèsèh manèh, jagone dibijèni nganggo kêcik. Ing Ngayoja maine diarani: kongking, sarta krêtune kudu 1¼ lakon.

[Grafik]

Garèng : Wèyèh, sêmune Petruk iki têka wis olèh dhêklomah anggone dadi sêtudhèn ... ngabotohan. Iya wis, kanggo sênêng-sênêng banjurna caritamu.

Petruk : Main cara ing Purwakêrta kuwi jênêngane: labasan, jagone mathok, kêna ganti yèn wis mati kabèh ana ing buwangan. Kate: f 1.08.

Garèng : Wèthèh thithèh, kathik anèh-anehan mêngkono. Lumrahe kat kuwi rak iya: [i...]

--- [1468] ---

[...ya:] kat sêrupiyah, sêringgit, limang rupiyah, ensopurut, ana kat, kathik: kat f 1;08.

Petruk : Sing wolung sèn kanggo ... cucuk, Kang Garèng, nèk kate f 1.60 utawa f 2.10, cucuke: sêkêthip. Cucuke iki katone mung sathithik, Kang Garèng, nanging sanyatane akèh bangêt, sabab lagi têlu utawa patang kocokan bae, wis têmtu ana sing pêdhot.

Garèng : Wèh, omah sing kanggo papan main kuwi prasaksat gumintê cilik-cilikan, kaya ta : klas 1 - f 1.10 inclusief belasting (pajêge wis mèlu klêbu), ing kene saiki: kat f 1.08 inclusief cucuk. Wèh, olèh-olèhane sing duwe omah mêsthine iya sathekruk.

Petruk : Iya lumayan, Kang Garèng. Yèn wong siji bayare nyang cucuk sakêthip, sing duwe omah sok bisa olèh sawêngine f 8.-, Kang Garèng. Lucune, Kang Garèng, yèn maine mau dibanjurake nganti sêdina sawêngi, umume sing main padha kalah kabèh, sabab dhuwite akèh sing mlêbu nyang cucuk.

Garèng : Wèh, sawijining panggaotan sing kêna ditiru, Truk, nanging kanggone sing duwe omah. Ora, Truk, ing sarèhne kowe utawa kônca-kancamu wis padha asok cucuk sapirang-pirang, lho kuwi apa banjur olèh suguhan gratis.

Petruk : Kala samono, Kang Garèng, aku iki kapetung sadulur, tur adoh asale, mulane anggone nyugata iya rada : èksêtrah, Kang Garèng. Aku lagine dhog bae, dening nyonyah romah banjur bae ditukokake: tempe mêndho, kang dipangan nganggo lombok cêngis (lombok rawit), wah nyamlêng, Kang Garèng.

Garèng : Wèh, nganti têrus longsar-langsir bae kalamênjingku. Ora, Truk, sêmune main cêkèn kuwi kok kêna diarani umum bangêt, nèk mêngkono wong dodol krêtu kuwi mêsthine iya untung bangêt.

Petruk : Dhinês, Kang Garèng, saupama rama kangjêng gupêrmèn kuwi krêsa bandhêroli krêtu, kiraku akèh untunge. Sabab, wêruha, kang Garèng, êmbuh ing liya panggonan, nanging ing Purwakêrta kono panganggone krêtu boros bangêt. Yèn kate f 1.08 sabên rong pêdhotan, krêtune mêsthi ganti. Yèn kate mau f 1.50 utawa luwih, gantine krêtu sabên sapêdhotan.

Garèng : Wah, iya mung ambuwang-buwang dhuwit bae iki arane, ing môngka mungguhe bangsane dhewe kuwi main wis kêna diunèkake mrasuk ing balung sungsum.

Petruk : Haiya, ing môngka anggone main kuwi ora mung ana ing tanggal nom bae, sanadyan tanggal tuwa iya ana mainan.

Garèng : Wayah, apa ora nganggo totohan dhuwit. Nèk tanggal tuwa têmtune rak ora duwe dhuwit.

Petruk : Kanggo priyayine, ewa samono iki mêksa prakara sipil, bisa utang, utawa anggadhèkake, ora-orane bisa nglotrèkake êndhog, lan sapiturute. Nanging rêmbuge bab iki padha dicuthêl samene bae, Kang Garèng.

--- 1469 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Têlaga Wissel ing tanah Papuwa. Kala tanggal 11 wulan punika motor mabur marine T. 16 mandhap wontên ing têlaga Wissel ing tanah Papuwa, kèndêl wontên ingriku antawis 1 jam. Ing salêbêtipun kapal T. 16 wau kèndêl wontên ingriku, motor mabur T. 17 kêkalangan wontên sanginggiling têlaga wau pêrlu anggambar saking gêgana, badhe kadamêl kaart. Kawontênan kanan-keringipun ngriku sawêg nêmbe kasumêrêpan kala punika, dene anggèning badhe pados pasrawungan kalihan tiyang ingriku botên angsal damêl. Sarèhning ing kala punika nuju mêndhung, anggènipun wontên ingriku botên sagêd dangu. Miturut wontêning papriksan, têlaga wau kaangkah badhe kangge palabuhan motor mabur. Ing kala punika ingkang tumut anggêgana ambtenaar B.B. kalih. Salajêngipun motor mabur wau wangsul dhatêng Dobo.

Rajapêjah ingkang ngêrês-êrêsi. Kawartosakên, sampun sawatawis dintên, ing Medan wontên bangsa Eropa nama J., jalaran saking kêpêtêngan manah anggèning dados tiyang angguran, lajêng mêjahi anakipun èstri umur 8 taun, griyanipun dipun bêsmi, saha salajêngipun nglalu pêjah piyambak.

Angin agêng ing Ngayogya. Kala tanggal 10 kêpêngkêr punika ing Ngayogya Kidul wontên angin agêng, adamêl risaking los sata ing Saragêdhug 15 tuwin risaking tanêman sata 8 bau. Kathah griyanipun bangsa Walandi tuwin tiyang siti sami risak.

Sêsambêtanipun Mulo kalihan H.B.S. Ingkang sampun tumindak, lare wêdalan saking Mulo punika sagêd nglajêngakên dhatêng H.B.S. Nanging ing sarèhning ing taun ngajêng punika badhe wontên ewah-ewahan tumrap pangajaran ing H.B.S. tuwin pangipun, mila wontên ewah-ewahanipun sawatawis. Tumrap taun pangajaran 1937/1938 tuwin 1939/1940, wêwatonipun nglêbêti dhatêng H.B.S. 5 taun tuwin pangipun Lyceum A punapa malih perangan B. Tumrap perangan A, lare Mulo ingkang katampèn ingkang diploma B, basanipun Walandi tuwin Inggris 6, sampun dipun examen bab: Goneometrie, Grafische voorstellingen, Handelswetenschappen tuwin Scheikunde. Tumrap H.B.S. 5 taun tuwin pangipun ingkang perangan B, lare Mulo ingkang anggadhahi diploma B, basanipun Walandi, Algebra tuwin Meetkunde 6, tuwin sampun dipun examen kawruhipun bab Goneometrie, Grafische voorstellingen, Scheikunde tuwin Natuurkunde. Manawi ingkang nglêbêti wau sampun nyêkapi bab punika, sagêd anjujug ing klas 4 H.B.S. Dene tumrap pangajaran taun 1940/1941 mawi katêtêpakên kêdah sagêd basa Jêrman tuwin Prancis.

Ordonnantie candu. Wiwit benjing tanggal 1 Januari, Parentah ngewahi pranatan ing bab timbanganing candu kados ingkang tumindak ing Tiongkok miturut tail. Ingkang tumindak ing Tiongkok, satail punika wontên 38.6 gr. dipun bage dados 386 mg. Ing salajêngipun, kawontênakên paniti tumrap barang-barang ingkang sagêd nilêmakên kapacak ing ordonnantie, pêrlu kangge ngawratakên dhatêng tiyang ingkang nglêbêtakên candu pêtêng. Wontênipun katindakakên makatên, jalaran saking kathahipun candu pêtêng. Dumuginipun sapunika, panêrak ingkang ginantungan paukuman punika manawi ambêkta candu pêtêng wawrat 75 gr., punika badhe dipun ewahi namung 10 gr. Dados manawi wontên tiyang mbêkta 10 gr. kemawon sampun kenging kacêpêng. Ing sapunika tiyang ingkang kêcêpêng kanggenan candu wawrat 25 kg. taksih sagêd nyantuni ukumanipun dados dhêndha, nanging miturut tatanan enggal watêsipun namung dumugi 3 kg.

[Iklan]

Tanêman kênthang ing Sumatra Wetan. Sampun sawatawis wulan, padagangan kênthang ing tanah ngriki kalangkung mundur, jalaran katrajang ing ama. Sêsakit kênthang wau maradini ing pundi-pundi. Malah jalaran saking sangêting kêrisakan, ing Sumatra ngantos kêtêlasan wiji. Ing sapunika sampun mêling wiji saking nagari Walandi ngantos 4000 kg. badhe dipun tanêm wontên ing Dairi. Manawi pananêmipun wau kasêmbadan, kintên-kintên salêbêtipun satêngah taun, sampun sagêd maradinakên wiji dhatêng pundi-pundi, kirang langkung 20.000 kg.

Totaquina. Parentah ing Philippijnen manggihakên jampi bangsaning kêninê nama totaquina. Jampi wau sampun kacobi, dayanipun botên beda kêninê. Jampi pamanggih enggal wau anjalari kêmajêngan saha tumrap Philippijnen badhe suda panganggenipun kêninê saking tanah ngriki.

Damêl mripat sêsupe. Sampun dangu ing tanah ngriki sagêd gêgandhengan rêmbag kalihan Oostenrijk, tuwin Weenen ing bab nampèni sela mripat damêlan ngriki. Sela ingkang dipun gosok saha kakintunakên wau saking Bantên. Nanging sarêng katiti yêktos, selanipun wau kirang atos, tumrap ingkang langkung atos, pinanggih wontên ingandhap. Nanging kawusanipun,kawusananipun. tindak wau botên sagêd lajêng, amargi waragadipun langkung kathah.

Candu pêtêng ing Tanjung Priok. Wontên wartos, punggawa pabeyan ing Tanjung Priok andêngangi tiyang badhe nglêbêtakên candu pêtêng, kathahipun 6000 tail, inggih 250 kg. kadèkèk ing salêbêting blèg tunggil barang-barang ingkang sawarni wadhahipun. Candu wau rêrêgèn 1½ ton.

Pest wudun ing pakunjaran Wonosobo. Ing salêbêting pakunjaran ing Wonosobo mêntas kasumêrêpan wontên tiyang ingkang kêtrajang pest wudun. Pakunjaran wau lajêng dipun rêsiki, têtiyangipun ukuman kapindhah dhatêng pakunjaran ing Têmanggung.

Prahara ingkang maradini. Kala tanggal 11 wulan punika ing Kêdhung Banthèng wontên prahara, adamêl ambruking griya 17 tuwin tiyang tiwas 3. Anyarêngi wêkdal punika ing Ngayogya inggih wontên prahara, adamêl karisakaning los sata ing Saragêdhug, ingkang kapitunanipun f 35.000.-. Kapitunanipun tanêman 1%. Ing kabudidayan Wanujaya wontên los kalih ambruk. Los sata ing kabudidayan Wêdi dipun sambêr ing blêdhèg andadosakên kêbêsmi. Kapitunanipun sadaya, kalêbêt sata ingkang taksih wontên patêgalan, sadaya wontên 1½ ton. Griya ing padhusunan ingkang sirna 150.

--- 1470 ---

Pakêmpalan Gagak Irêng. Ing kala salêbêtipun taun 1934 wontên rêrêsah ingkang pinanggih ing Madiun tuwin Blitar. Kala samantên dèrèng kasumêrêpan ing pundi têlêngipun. Dangu-dangu kasumêrêpan bilih wontên pakêmpalan ingkang nama Sarekat Gagak Irêng. Pakêmpalan wau ancasipun anggadhahi tindak awon, saha katingalipun yêktos sarêng taun 1936. Sumêbaring dayanipun pakêmpalan wau sagêd sumrambah ing pundi-pundi. Ingkang minangka kêkudhung, tumindaking pakêmpalan namung kados sacaraning pakêmpalan limrah, inggih punika têtulung tiyang kasusahan sapanunggilanipun. Nanging sajatosipun isi tindak ingkang sakalangkung awon. Tumrap sabên warga ambayar arta 20 sèn, pêrlu kangge urunan tumbas prabot. Dangu-dangu sarêng pulisi sampun cêtha dhatêng kawontênaning pakêmpalan punika lajêng nyêpêngi warga-warganipun ingkang mbêbayani, saha lajêng sami kaukum.

Ingkang Bupati Magêtan lèrèh. Miturut wartos, wiwit benjing tanggal 31 December ngajêng punika, R.A.A. Hadiwinoto, bupati Magêtan lèrèh kanthi hurmat saking anggènipun jumênêng bupati, kanthi angsal tarima kasih saking Parentah.

Pakêmpalan Pêmbrani. Ing Suranênggala Lor, Cirêbon, wontên pakêmpalan wados nama Pêmbrani, adêgipun sawêg gangsal wulanan, warganipun sawêg 50. Warganipun pakêmpalan wau asring ngangge tandha Garuda Merah. Sakawit ingkang dados pangajêng tiyang nama Aris tuwin Madira, ingkang sami dipun èringi têtiyang ngriku. Kêtingalipun ing jawi pakêmpalan wau sae, nanging lêbêtanipun botên sae. Ing sapunika pulisi taksih ngudi katrangan babagan punika wontên ing bawah Indramayu, Arjawinangun, Gêgêsik, Bakung tuwin ing Kapêthakan.

Tindak botên lêrês ing pagantosan ing Kêdhiri. Kawartosakên, bilih beheerder tuwin punggawa pagantosan ing Gringsing, Kêdhiri, gadhah tindak botên lêrês ngindhakakên sarêman langkung kathah. Ing bab punika, inspecteur lajêng telegram dhatêng pangagêng Pakaryan Pagantosan ing Bêtawi anglapurakên tindakipun beheerder wau, saha lajêng kagantung kalênggahanipun.

Kapal kêruk Pring. Kapal kêruk Pring, ingkang dipun damêl dening Droogdok Mij. Tanjung Priok kangge Billiton Mij. sampun dipun gèrèt saking Tanjung Priok kabêkta dhatêng Billiton Lèr, kapapanakên wontên lèpèn Pring.

Tanêman kapas. Dèrèng dangu kawartosakên, bilih Prof. Dr. J. Wisselink badhe dhatêng tanah ngriki pêrlu ngrêmbag badhe ngêdêgakên pabrik lawe, nanging tindakipun wau kasandèkakên, amargi pêrlu anjênêngi congres babagan kapas dhatêng Mêsir. Wontênipun ing Mêsir badhe nyinau caranipun nanêm kapas ingriku, tuwin ugi badhe nocogakên kalihan caranipun nanêm kapas ing Amerika kados ingkang sampun nate dipun sinau.

Pados lisah pèt ing Rêmbang. Miturut wartos, B.P.M. gadhah pangajêng-ajêng manggih sumbêr-sumbêr lisah pèt wontên ing sakiwa-têngênipun Rêmbang, ingkang sampun dipun priksa dening para ahli. Miturut papriksan, pasitèn ingkang wontên lisahipun pèt wau wontên ing sadhasaring sagantên ingkang cêthèk, saha lajêng badhe dipun adani. Tumrap ing kalangan lisah pèt, angêbur wontên ing sagantên punika sampun limrah, nanging tumrapipun ing tanah Jawi, dèrèng nate katindakakên. Ing sapunika B.P.M. sampun numbasi pasitèn ing sacêlakipun ngriku.

Pandadaran tumrap Inheemsche talen tuwin Volkenkunde. Benjing ing wulan Maart 1938, Departement Pangajaran badhe ngawontênakên pandadaran ingkang sagêd angsal akte Inheemsche talen tuwin Volkenkunde. Ingkang kenging nêmpuh ingriku sawarnining guru ingkang anggadhahi akte Guru Walandi, tuwin sagêd nêtêpi punapa ingkang dados wêwatonipun. Mawi arta examen f 10.-.

Landbouwkolonie. Ing Pakêm, Ngayogya, badhe kawontênakên landbouwkolonie kangge têtiyang ewah ingkang botên ambêbayani. Wontênipun ingriku dipun jampèni tuwin dipun purih têtanèn. Jêmbaring pasitèn wontên 15 bau, waragadipun badhe f 20.000.-. Arta waragad wau ingkang sapalih mêndhêt saking arta kamirahan salawe yuta, ingkang sapalih saking Kasultanan, saha parentah Kasultanan marêngakên pindhahipun griya pamulasaran tiyang sakit ewah ing Wanacatur.

Sêsakit malaria ing Brêbês. Ing dhusun Pulolampês, Brêbês, kalêrês papan padununganipun para juru misaya ulam, kêtrajang ing sêsakit malaria, têtiyang ingkang sakit ngantos wontên sapratiganipun, cacah 900. Doktêr sampun dhatêng nitipriksa, nyata bilih ingriku kathah lêmutipun malaria. Samangsa sampun pinanggih dununging lêmut wau, lajêng badhe dipun tanggulangi.

Wadhuk ing Tongeang. Ing bab pandamêling wadhuk ing Congeang Priyangan, saèstu dipun adani. Wadhuk wau mawi bêndungan ingkang inggilipun 30 m., panjangipun 200 m. Pandamêlipun kadamêl kandêl, murih sagêd kiyat nahan toya. Toya ingkang katandho wau toya jawah. Kintên-kintên rampunging panggarapipun wontên ing taun 1939, sagêd noyani sabin 40.000 bau ingkang wontên ing paresidhenan Cirêbon.

NAGARI WALANDI

Urunan kangge ngudi kawruh. Rockefeller Foundation suka urunan arta kathah malih dhatêng Prof. Kluyver tuwin Prof. Ornstein ing bab anggèning nglajêngakên padamêlan radiobiologisch, laminipun gangsal taun malih. Dene ingkang kalampahan sampun tigang taun. Kajawi punika Rockefeller Foundation ugi taksih nawèni malih pitulungan dhatêng pangudi sanèsipun.

EROPA

Kasangsaran motor mabur ing Jêrman. Satunggiling motor mabur Jêrman ingkang anggêgana saking Berlijn dhatêng Mannheim dhawah sasampunipun dumugi ing Mannheim. Tiyang ingkang numpak pitu, bêbauning motor mabur tiga, sadaya sami tiwas.

Nobel-prijs. Miturut wartos, ingkang angsal Nobel-prijs babagan Letterkunde dhawah juru ngarang Prancis Roger Martin Dugard. Tumrap Natuurwetenschappen dhawah Prof. Goguopaget Thomson ing London tuwin Dr. Cliton Joseph Davisson ing New York. Dene tumrap Chemie dhawah Prof. Walter Norman Haworth ing Burmingham tuwin Prof. Paul Karrer ing Zurich.

AMERIKA

Motor mabur agêng sangêt. Botên dangu Amerika badhe damêl motor mabur agêng sangêt. Motor mabur wau cêkap dipun tumpaki tiyang 100, kamaripun 66 iji. Motor mabur punika sagêd anggêgana nglangkungi lautan Pacific tanpa kèndêl ing margi, malah sagêd anggêgana saking Amerika dhatêng Eropa wongsal-wangsul.

Amerika Sarekat suka wilujêng dhatêng Moskou. President Roosevelt kintukintun. telgram dhatêng Kalinin, suraosipun suka wilujêng adêging parentah Sovyet sampun 20 taun. Kanthi pamuji mugi rakyat Sovyet sami manggiha wilujêng kanthi rukun.

AFRIKA

Susukan Suez badhe kawiyarakên. Miturut wartos, awit saking kajêngipun parentah Inggris gadhah sêdya badhe miyarakên susukan Suez. Sêdya makatên punika gêgayutan kalihan indhaking kapal-kapal pêrang Inggris, saha pancèn sampun dangu, nanging sawêg kêwêdal sapunika. Kintên-kintên tumuntên dados rêmbag kalihan Prancis tuwin Mêsir.

--- 1471 ---

Wêwaosan

III. Lêlampahanipun Ilya.

27

Tiyang èstri tuwin anak-anakipun wau, botên tumuntên mênyat kadosdene dhawuhipun Sang Prabu Wladhimir, nanging saya nyungkêmi pada nata, sarwi umatur arih makatên :

Dhuh, gusti pêpundhèn kula, Prabu Wladhimir, mugi-mugi krêsaa paring samodra pangaksama dhatêng kula tuwin anak-anak kula sadaya, dene kula kumapurun dumrojog tanpa larapan ngadhêp ing ngarsa panjênêngan. Dene wigatosing sowan kula punika botên sanès namung nyuwunakên ngapuntên dhatêng gusti kula sang prabu mênggahing dosanipun semah kula pun Solowe. Sadaya mas picis donya brana kula, kula bêkta mriki prêlu badhe kula caosakên dhatêng panjênênganipun sang prabu, nanging kaparingna wangsul semah kula tuwin bapakipun anak-anak kula punika. Kula sagah prasêtya dhatêng ngarsanipun sang prabu, bilih salajêngipun semah kula botên-botênipun badhe ngarubiru malih dhatêng têtiyang ingkang sami langkung ing margi ingkang anjog dhatêng Kiyèf punika, makatên ugi kula sadaya botên badhe dêdunung malih wontên ing griya ing sanginggilipun wit agêng pitu punika. Cêkakipun, kula sadaya badhe manut miturut sadaya dhawuhipun gusti kula sang prabu, manawi semah kula pun Solowe punika dipun luwari kemawon. Mugi kula aturi mriksani, kathahing maspicis rajabrana ingkang badhe kula aturakên ing ngarsanipun sang prabu minôngka kangge panêbusipun semah kula. Kula aturi anguningani piyambak, o, pêpundhèn kula, mênggah isining kanthongan-kanthongan punika, sanadyan kalêmpakaning maspicis donyabrana ing tanah Indhu pisan, kintên-kintên botên badhe ngungkuli pangajinipun rajabrana ingkang badhe kula caosakên dhatêng ngarsanipun sang prabu punika. Minôngka gêntosipun panyuwun kula ngêmungakên wangsulipun semah kula punapadene bapakipun lare-lare punika.

Matur makatên punika sarana dipun kanthèni tawan tangis ingkang amêlas asih. Ing môngka sajatosipun panggalihipun Sang Prabu Wladhimir punika wêlasan sangêt. Amila anguningani kawontênanipun tiyang èstri tuwin anakipun ingkang makatên wau, saklangkung dening wêlasipun, sarta ing panggalih angraos kêduwung, dene ing suwau botên aparing pangapuntên dhatêng pun begal Solowe wau. Salajêngipun sang prabu lajêng amriksani dhatêng para abdi kadosdene badhe mundhut sênjata pitulung, nanging ing ngriku sang prabu anguningani, bilih para abdi sadaya wau ingkang dipun sawang namung kathahing grobag ingkang ngêwrat maspicis donyabrana, lan saking polatanipun katingal cêtha agênging kamelikanipun dhatêng donyabrana wau, kanthi rêngu sang prabu nolak aturipun sawênèhing para pangeran ingkang atur timbangan supados karsa ambêskup wontênipun maspicis rajabrana wau.

Ing kala punika Sang Ilya ujug-ujug majêng, anyakêti Akulinah, saha kanthi alon lajêng awicantên makatên :

Wis, ngadêga, Akulinah, sang prabu wis amarêngake, mêngkono uga kowe kabèh, bocah-bocah, padha angadêga, maspicis donyabranamu iki gawanên bae manèh. Awit sanadyan kotêbusa sarana sakabèhing donyabrana ing donya iki, bojomu Solowe wis ora bisa bali manèh, jalaran durung suwe iki, saka dening gêdhene dosane, bojomu wis tombok nyawane, kanggo nglironi dosane mau. Saka dening gêdhene dosane, pancène mono bojomu luwih dhisik kudu dipilara lan dipicis, nanging saka kaparênge sang prabu, bojomu pinaringana pura,ngapura.

sarta aku banjur dhinawuhan anglunasi sarana jêmparingku, kang bisa anjalari bojomu bisa mati sakala iku uga, prêlune supaya bojomu aja nganti kêsuwèn anggone nandhang lara. Kang mangkono mau wis kalêksanan durung suwe iki. Wis pira cacahe uwong kang wus ditugêl gulune dening bojomu, sarta cumplunge banjur kanggo pêpasrène omahe, lan bangkene dipakakake nyang sato galak utawa bangsaning manuk alap-alap. Nanging mayite bojomu kêna kogawa, lan kok kubur kanthi bêcik-bêcik. Ewon cacahe uwong kang wis dirêbut barang darbèke dening bojomu, lan pira cacahe bocah yatim kang jalaran bapakne dipatèni dening bojomu, saka ora bisa mangan banjur blulungan mênyang ngêndi-ngêndi, sumêbar ing saindênging praja Ruslan, prêlu ngêmis minôngka kanggo cagaking urip. Nanging kowe kabèh, anak begal kang dadi rêrêgêding donya, saka dene gêdhening dosane, kaparêngake anggawa rajabranamu manèh, awit sang prabu ora amarêngake yèn kowe kabèh nganti mati kalirên. Mêngkono uga omahmu kang ana ing sadhuwure wit gêdhe pitu, ora bakal [ba...]

--- 1472 ---

[...kal] diarubiru, supayane kowe kabèh aja nganlinganti. ora duwe papan padunungan kang têtêp. Dadi aja nganti kowe kabèh dadi korbane dosane bapakmu, kang wusanane kowe kabèh banjur blulunan mênyang ngêndi-êndi. Mung bae pamêlingku, satêkamu ing ngomah, poma, cumplung-cumplung kang tumêkane saiki dadi pêpasrène omahmu, padha pêndhêmên kang kanthi bêcik-bêcik. Bênêr, kowe wis nyoba nêdya mrêjaya nyang aku, nanging babarpisan aku ora duwe ati kêpriye-kêpriye nyang kowe. Wis, saiki padha muliha, nanging, ati-ati, yèn sapungkure iki, kowe nganti wani ngrusak katêntrêmaning dalan, sarta mêmatèni wong-wong kang tampatanpa. dosa, wis mêsthi yèn omahmu bakal tak gawe karang abang, sarta kowe kabèh bakal tak patèni sarana pêdhangku iki. Kowe aja pisan-pisan anduwèni pangira, yèn kowe bakal bisa ngoncati nêpsuku, sabab yèn kowe kabèh nganti nêrak wêwalêrku mau, sanadyan kowe tumêka ing pungkasaning jagad, mêsthi bakal kêcandhak ing tanganku. Mulane poma-poma, aja pisan-pisan kowe kabèh wani ngrêridhu katêntrêmane praja dalêm kene, lan saiki tumuli muliha.

Akulinah tuwin anak-anakipun lajêng sami ngadêg, saha andhingklukakên badanipun ngantos andhap tumuju dhatêng Sang Prabu Wladhimir minôngka gênging pakurmatanipun, nanging saya andhap malih pandhêngklukipun, kala suka urmat dhatêng Sang Ilya. Awit mênggahing Akulinah saanak-anakipun wau dhatêng Ilya mila anggadhahi ajrih tuwin pangaji-aji sangêt. Sasampunipun makatên, Akulinah tuwin anak-anakipun lajêng sami bidhalan. Dene Sang Prabu Wladhimir tuwin sang pramèswari, kanthi kadhèrèkakên para pangeran, para satriya, para prajurit, tuwin para abdi dalêm sadaya, lajêng sami lumêbêt ing kadhaton, prêlu anglajêngakên anggènipun sami bojana andrawina. Sarêng sampun dumugi ing salêbêting bangsal, sang prabu lajêng mapan lênggah, sarta nuntên angandika dhatêng Ilya kirang langkung makatên :

He, Ilya, têtungguling para pangarêping prajurit ingsun kabèh. Bangêt agawe rênaning panggalih ingsun, dene sira saikine wis têtêp dadi punggawaningsun, saka dening rênaning panggalih ingsun, saiki sira sun wênangake milih papan palungguhanira dhewe. Sira sun kaparêngake linggih jèjèr lan ingsun, utawa jèjèr lan pramèswariningsun, nanging sira uga kêna milih panggonan dhewe, kang dadi sênênging atinira.

Salajêngipun Sang Ilya nuntên mapan linggih wontên ing panggenan ingkang kalêrês ajêng-ajêngan kalihan sang prabu. Nanging piyambakipun wau botên sumêrêp, bilih papan ingkang kapilih punika sajatosipun papan palinggihanipun Sang Alyasa. Sarêng Alyasa sumêrêp kawontênan ingkang kados makatên punika, nêpsunipun tanpa upami, awit piyambakipun gadhah pangintên, bilih tiyang enggal punika mila sêngaja angrêbat papan palênggahanipun. Sanalika punika Alyasa lajêng nyandhak cundrikipun saha kasawatakên dhatêng Ilya. Nanging Ilya prayitna, sarta cundrik ingkang kasawatakên wau lajêng katampenan ing tanganipun, saha tanpa ngucap punapa-punapa cundrik lajêng dipun kanthongi.

Para satriya sanès-sanèsipun lajêng sami ngawasakên dhatêng Alyasa sajak ngece. Dene Alyasa piyambak, prasaksat botên sagêd ngêngkên muring-muringipun, ing wusana lajêng mapan lênggah ragi têbih ing sacêlakipun jandhela. Dhubrinya saklangkung wêlas dhatêng Alyasa wau, salajêngipun, murih nêpsunipun, Alyasa sagêda suda sawatawis, Dhubrinya lajêng mênyat saking palênggahanipun saha lajêng awicantên dhatêng têtungguling pangajêng prajurit enggal wau kirang langkung makatên :

Ngaturi sugêng katêtêpan panjênêngan dados têtungguling para pangajênging prajurit ing Kiyèp ngriki, sadhèrèk Ilya, kathah pangajêng-ajêngi kula sadaya mênggahing lêlabêt panjênêngan dhatêng siti wutah rah kula sadaya, ing praja Ruslan punika. Mugi-mugi têtêpa panjênêngan dados têtuladanipun kula sadaya: anggènipun badhe angayomi têtiyang ingkang ringkih tuwin têtiyang ingkang sami katindhês, punapadene anggènipun badhe ananggulangi sadaya mêngsahipun pêpundhèn kula, Sang Prabu Wladhimir, nata ing Ruslan. Panuwun kula dhatêng panjênêngan, sadhèrèk Ilya, mugi-mugi panjênêngan krêsaa ngakên dhatêng kula kadosdene sadhèrèk nèm panjênêngan. Makatên ugi mênggahing sadhèrèk kula pun Alyasa. Panjênêngan têtêpa jumênêng pangagênging prajurit ingkang inggil piyambak, kula ingkang ôngka kalih, dene Alyasa kaanggêpa kadosdene sadhèrèk ingkang nèm piyambak. Kula sadaya nêdya sami manut miturut sadaya ingkang dados karsa panjênêngan, lan kanthi tuntunan panjênêngan mugi-mugi kula sadaya sagêda lêstantun lêlabêt nata tuwin nagari.

Ing kala punika Sang Ilya dèrèng ngantos sagêd amangsuli dhatêng aturipun Dhubrinya wau, ujug-ujug Alyasa, ingkang pancèn anggadhahi manah brangasan, lajêng enggal-enggal amurugi Dhubrinya, sarta sarwi nêpsu lajêng awicantên makatên :

Sadhèrèk Dhubrinya, punapa panjênêngan punika ujug-ujug lajêng gêrah èngêtan. Kula aturi amanggalih rumiyin, punapa ingkang badhe panjênêngan ngandikakakên, kula aturi èngêt, panjênêngan punika rak turuning satriya sêjati. Dene kula punika anaking pangagêng agami, sarêng tiyang enggal punika sintên, rak botên wontên tiyang ingkaingkang. sumêrêp. Dhatêngipun piyambakipun punika saking ing panggenan ingkang dèrèng kasumêrêpan ing tiyang. Miturut cariyosipun piyambak, piyambakipun punika anakipun tiyang tani ing dhusun sacêlakipun kitha Murom. Punapa inggih mèmpêr, dumugi ing ngriki têka ujug-ujug lajêng dados lurahipun kula sadaya.

Badhe kasambêtan.

--- 181 ---

No. 46, Taun VIII.

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI: BU-MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM. RÊGANE SATAUN F 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN. BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

MANGSULI LAYANG

R.A. Samsijah, Japara. Layangmu wis daktampa lan surasane wis mangêrti kabèh. Mula aku êntas ndhèrèk rama lan ibu Petruk nyang Kêbumèn. Iku dudu jênêng "kêbrojolan" crita nèk êntas saka Kêbumèn, "kêbrojolan" kuwi rak yèn ora niyat crita banjur crita, utawa manèh ngaku-aku bu Mar, jêbul rama Petruk dhewe. Nanging wong pancèn rama Petruk ya rama Petruk, bu Mar, ya bu Mar, lan bu Petruk iya bu Petruk, dadi siji-sijine ana, ora ana sing main dhobêl. Pêrkara gambarmu, yèn ora duwe utawa kowe suthik ngirimake, iya ora susah. Bu Mar njaluk kirimanmu potrèt rak kanggo tandha katrêsnan, samono yèn kowe duwe utawa yèn dhangan atimu. Dene yèn kowe arêp têka dhewe tilik bu Mar, iya sukur.

Oetami p/a S.O. I. Kediri. Kirimanmu dongèng wis kêtampan, nanging ya dakpikir-pikir dhisik, awit ana bocah sing ngirimi dongèng (babad) iku, nanging isine seje karo dongèngmu.

Doremi p/a M. Joesak, Kassier A.V.B. Batang. Bangêt panrimaku kokirimi layang sarta kokcritani bab anggonmu plêsir nyang Limpung karo kanca-kancamu.

Srinagar Iskandar. Pitêpunganmu wis daktampa kanthi bungah. Bangêt cuwaku, dene aku ora bisa têka, nalika kowe padha ngêdêgake "Jaarfeest". Sukur yèn kowe arêp milu ngisèni Taman Bocah.

Soewardjo, Sidarêja. Karanganmu wis kêtampan, ora liya bangêt panrimaku.

Marlien, Surabaya. Pitêpunganmu wis daktampa kanthi bungah. Ya Lien, yèn aku pinaringan slamêt, lunga nyang Surabaya, aku dakmampir nyang omahmu. nDah kaya apa sênênge ya, Lien, mangka cêdhak Dierentuin. Sukur yèn kowe milu urun ngisèni Taman Bocah.

Sasongko, Kadêmangan. Pambatangmu cangkriman bênêr. Karanganmu uga wis kêtampan.

S. Har. Solo. Aja pisan dadi atimu ya, gambaranmu ora bisa kapacak, jalaran kurang mèmpêr. Karanganmu wis daktampa kanthi bungah.

Adi Soemini, Ponorogo. Karanganmu wis daktampa, ora liya bangêt panrimaku.

Soertijah, Gunung Wungkal. Bangêt panrimaku kokirimi layang manèh. Aku uga milu susah krungu tantêmu seda, mangka ninggal putra nêm. Iya kowe bae kudu sing eman momong bocah-bocah iku lan sing tlatèn.

Siti Soemijati, Solo. Bangêt bungahku kowe mêrlokake anêpungake nyang bu Mar, lan anggonku ngaku kêponakan uga kanthi bungah.

Soegiharto, Ngrajêk. Pitêpunganmu wis daktampa kanthi bungahing atiku. Kowe pitakon, bab Uncle Sum, mula iku "schuilnaam", dene jênênge sing têmênan aku dhewe ya ora ngêrti. Sukur yèn kowe arêp layang-layangan karo dhèwèke.

Soetarno, Balikpapan. Cangkrimanmu rupa têmbang Pucung lan lêlucon wis kêtampan kanthi bungahing atiku.

Endang Sri Praptining Wardaja. Kanthi sênêng pitêpunganmu daktampa lan urunanmu karangan uga wis kêtampan. Wah Sri, rêganing brambang ing Bêtawi isih 8 sèn sêkati jare, ora kaya nang Paree ya? Kowe ya banjur sugih brambang, wong sawahe ditanduri brambang. Anggone ing T.B. ora diisèni bab olah-olahan iku sabab dakpikir-pikir kanggo bocah-bocah apa manèh bocah lanang, kurang pêrlu, ing mangka wis dianakake jagading wanita sabên Rêbo.

Soekarni p/a S. Sastrodihardjo, Plandaan. Aku wis tampa lêluconmu, ora liya bangêt panrimaku.

Hoedadi, Prawirotaman, Jogya. Pitêpunganmu wis daktampa kanthi sênênging atiku. Bab adrèse bu Mar kaya ngono ya wis cukup.

Soedibijantoro, Glenmore. Briefkaartmu kang isi lêlucon "Kyai lan santri 3", aku ora rumasa tampa. Dongènganmu anyar wis daktampa kanthi sênêng.

Warsidjan, Batang. Bab ngalihmu nyang Kêdungsêgog wis dakaturake mênyang administratie. Pêrkara pambayarane bêcik takona dhewe karo layang.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

bu Mar.

--- [182] ---

LÊLUCON

Sapa sing kuwasa?

Guru : "Bocah-bocah sapa sing ngêrti mara kandhakna, sapa sing kuwasa dhewe ing sajroning paprentahan?"

Amin : "nDara Wêdana, pak guru."

Duli : "Kanjêng Ratu Langkung kuwaos pak guru."

Guru : "Apa man, kowe ocang-acung?"

Siman : "Anu ... Bapak langkung kuwaos malih.

Guru : "He ... Rumasamu ... pancèn kowe ora tau ngrasakake."

Siman : "Anu ... sêdaya raja-raja tuwin mantri-mantri sing andhapuk bapak kula kok pak guru, awit bapak dados toneel-directeur."

Sanjoto, Batavia-Centreum.

ULA SAWA LAN GAGAK

(Candhake)

Dhèk jaman kuna ula sawa iku mandi bangêt. Dhèwèke duwe mitra gagak. Nalika samono gagak iku wulune putih mêmplak. Ing sawijining dina mitra loro mau padha saba ana ing ngalas. Ing kono gagak wêruh manungsa lagi nêgor kayu. Gagak calathu marang ula sawa mangkene: "Mitraku, jarene manungsa iku takat bangêt, dikapak-kapakake ya ora pasah, bok jajal cokotên." Wangsulane ula sawa. "Emoh, aku wêdi yèn banjur mati." Gagak calathu: "Ora ta yèn mati." Ula sawa calathu manèh: "Iya aku gêlêm nyakot manungsa iku, nanging yèn mati, kowe kang dak têmpuhake." Wangsulane gagak. "Iya. Ula sawa banjur marani manungsa mau," lan banjur dicakot sikele,sikile. mati sanalika. OlaUla. nêsu bangêt, rumasa yèn diapusi kancane. Dhèwèke calathu: "Iya gagak kang ala budimu, mênyanga ngêndi bae, yèn kêcêkêl mêsthi bakal dakpatèni." Saking wêdine gagak banjur lunga. Dilalah dhèwèke wêruh banyu wêdêlan kanggo mêdêl bathikan. Enggal-enggal dhèwèke nglêlêp ana ing banyu wêdêlan mau, nganti suwe. Barêng mêntas wulune banjur dadi irêng bangêt. Ula sawa pangling, dhèwèke banjur ngundang ula kabèh: "Barêng wis padha têka dhèwèke cêlathu: "Wiwit dina iki wisaku dakwènèhake kowe kabèh. Sabab aku wis nduwèni dosa, yaiku matèni manungsa, kuwi saka pokale si gagak." Kang diwènèhi dhisik dhewe ula wêlang, sabab dhèwèke têka dhisik dhewe, nuli ula wêling, mêngkono sabanjure. Mulane padha-padha ula sing mandhi dhewe, ula wêlang lan wêling. Dene ula sawa ula sawa banjur ora duwe wisa, lan gagak-gagak wulune irêng bangêt nganti saprene.

Sanjoto, Batavia-C.

KÊTHÈK LAN BULUS

(Candhake)

Pak Tani calathu: "Yèn mêngkono, iya bêcik, lan dhèwèke banjur mbopong si bulus lan digawa nyang omahe, barêng wis têkan ing panggonane si bulus dijirêt karo tali kuwat, banjur digantung ingarêp omahe, Pak Tani nuli anjupuk dhuwit banjur lunga nyang pasar pêrlu tuku bumbu.

Barêng pak Tani wis adoh lan ora ketok, si bulus banjur yun-yunan karo nêmbang mangkene: "Wah sênêng têmên, sêsuk aku dadi ngantèn karo anake pak Tani, saiki pak Tani lagi nyang pasar, tuku samubarang kang arêp kanggo slamêtan, sabab aku arêp dadi ngantèn iki." Barêng kêthèk krungu si bulus nêmbang, dhèwèke gumun bangêt, karo calathu ing mbatin: "Apa gêndhêng si bulus iku, he, têka sênêng-sênêng, galik-galik, ingatase arêp disêmbêlèh? Aku dadi kêpengin wêruh sababe têka mêngkono tingkahe." Barêng wis mikir-mikir mangkono, si kêthèk mudhun alon-alonan saka wit-witan, banjur lumaku karo lingak-linguk mangiwa manêngên, nggolèki ana ngêndi pêrnahe si bulus mau. Barêng wis cêdhak, si kêthèk banjur pitakon: "Sapa sing galik-galik mau, apa kakang bulus?"

Wangsulane si bulus: "Apa kowe ora wêruh, dhi? Aku rak lagi yun-yunan!

Cêlathune si kêthèk: "Apa kakang bakale ora disêmbêlèh?" Wangsulane si bulus: "Astaga! pancèn bênêr si adhi kurang pikiran, êndi ana wong kang arêp disêmbêlèh yun-yunan karo nêmbang sênêng-sênêng?"

Si kêthèk bingung sadhela, sabab gumun krungu calathune si bulus iku, nuli pitakon manèh: "Arêp ana apa ta, mulane kakang kêsênêngên mêngkono? Lan pak Tani lungan nyang ngêndi? Wangsulane Si Bulus: "Pak Tani lunga nyang pasar blanja!" Calathune si kêthèk: "Kanggo apa?" Si bulus mangsuli: "Sesuk arêp slamêtan, dhèwèke arêp nikahake anake karo aku. Endah rupane anake, umure nêmbe nêmbêlas taun."

Barêng kêthèk krungu calathune si bulus iku, panas atine, karo calathu ing mbatin: "Hem! mêngkono? Mèmpêr si bulus iki kasênêngên!" Sawise mêngkono si kêthèk calathu: "Kakang bulus, ambok iya aku bae dadi kêpengin wêruh sababe têka mêngkono tingkahe." Yèn aku sing ngganti kowe?"

Wangsulane bulus: "Wa, ora kêna, wêdi yèn pak Tani mêngko nêsu lan manèh apa dikira, anake gêlêm karo kowe, kang bangêt èlèke rupane!"

Kêthèk calathu: "Wêlasana aku ta kang!" Mêngkono pambujuke si kêthèk sawatara suwe, wusana bulus calathu: "Yèn si adhi kêpengin bangêt dadi ngantèn karo anake pak Tani, iya bêcik, nanging aku uculana dhisik, kogawa sing adoh ing sajabaning pagêr."

--- 183 ---

KULDI, SAPI LAN WONG TANI

(Candhake)

Sapi mangsuli: "Sabanjure aku bakal nglakoni apa kandhamu. Dhisike aku arêp mundur, sunguku arêp takathung-athungake kaya dhèk wingi. Aku arêp ethok-ethok lara sarta arêp têturon tanpa obah-obah."

Calathune kuldi: "O ati-ati lho," kowe bakal cilaka yèn mêngkono. Barêng ki Sudagar mau bêngi têka mrene, aku krungu omonge pak Tani nyang dhèwèke, kang agawe uwasing atiku kèlingan awakmu kuwi."

Calathune si sapi: "La kapriye?" "ambok iya aku kandhanana."

Kuldi miwiti carita: "Ki Sudagar calathu mangkene mênyang Pak Tani: "Sarèhne sapi ora mangan lan ora bisa ngadêg, karêpku sesuk kewan iku sêmbêlèhên. Daginge arêp dakwènèhake marang wong miskin, dene wêlulange arêp dakdêrmakake marang tukang sêpatu. Jagale undangên mrene." Aku ngèlingi marang kabêcikanmu lan mêmitranku karo kowe, aku rumasa wajib ngandhani kowe lan mituturi kowe manèh amrih slamête.

Yèn ana wong ngêtêri kacang lan sukêt garing, kowe kudu enggal-enggal tangi banjur panganên kacang lan sukêt mau kanthi sanjaksajak. ragah-ragah, ki Sudagar mêsthi banjur ngira yèn wis waras manèh anggonmu lara lan kowe ora sida disêmbêlèh.

Barêng sapi krungu têmbunge si kuldi mau, banjur mbêngok saking wêdine.

Ki Sudagar, kang ngrungokake rêmbuge kewan mau kanthi anggatèkake bangêt, nuli angguyu kêkêl, nganti agawe gumune bojone, lan bajur calathu: "Ambok iya kokcritani aku iki, apa sêbabe têka kowe ngguyu sêru, dadi aku bisa milu ngguyu."

Wangsulane ki Sudagar. "E bokne "kowe kudu narima ngrungokake guyuku bae."

Calathune bok Sudagar, "Ach ora, aku kêpengin wêruh apa sababe."

Ki Sudagar mangsuli: "Aku ora bisa nuruti panjalukmu, mung kowe kêna wêruh, yèn aku nggêguyu omongane kuldi iki marang sapi. Liyane kuwi iku wadi, aku ora kêna mêdharake marang kowe."

Sing wadon calathu manèh: "Apa kang nyusahake kowe mêdharake wêwadi kuwi marang aku?"

E, sumurupa wong wadon, wangsulane ki Sudagar, yèn aku nganti mbabarake marang kowe, aku mêsthi tiwas."

Bok Sudagar calathu manèh: "Ach kowe ngapusi aku, apa kandhamu iku mau ora nyata. Yèn kowe walèh, sabab apa kowe mau ngguyu, yèn kowe ora gêlêm nyaritakake kandhane kuldi marang sapi, aku wani sumpah marang kang Maha Kuwasa yèn ora lawas manèh kowe lan aku anggone urip bêbarêngan."

Sawise calathu mangkono, bok Sudagar mlêbu ing omah, nuli lungguh ing padon, sawêngi tanpa turu liyane mung nangis gêro-gêro.

Ki Sudagar turu dhewe, esuke barêng wêruh yèn bojone durung lèrèn anggone nangis, banjur calathu mangkene: "Kowe kuwi rak ora nalar, têka digawe sêdhih mêngkono. Bab iki ora pêrlu koktangisi lan ora pêrlu kokwêruhi, yèn tumrap aku wajib dakgawe wadi. Mula ora susah kokpikir, ya bokne!"

Wangsulane sing wadon: "Aku tansah mikir bae," ora bakal lèrèn anggonku nangis, yèn kowe ora nglêgani karêpku."

O, bokne, takkandhani manèh ya, aku mêsthi tumêka ing pati, yèn aku kêlakon nuruti panjalukmu kuwi mau. La saiki pilihên, apa karêpmu kuwi, aku ndang enggal mati apa kapriye?

Ach mangsa bodhoa, kabèh kuwi kêrsaning Allah. Nanging aku mêksa arêp wêruh sababe. Yèn kowe ora gêlêm awèh wêruh sababe marang aku, aku iya aluwugaluwung. mati bae.

O, ya, bokne, yèn adrêng sing dadi karêpmu, wis ora kêna dikandhani, sabab saka wangkotmu kowe arêp nglakoni sing ora prayoga, iya wis masa bodhoa. Anak-anakmu mêngko dakundangane, supaya bisa padha nêmoni kowe, sadurunge kowe mati.

Ki Sudagar nuli ngundang anak-anake lan kongkonan nêkakake maratuwane lanang wadon. Barêng kabèh wis padha kumpul, sarta pêrkarane wis ditêrangake, maratuwane nuli mituturi akèh-akèh supaya bok Sudagar lilih anggone nêsu. Nanging bok Sudagar wis ora gêlêm ngrungokake omonge wong tuwane aluwung mati tinimbang ora dibalakani dening sing lanang. Bocah-bocahe barêng wêruh, manawa êmbokne tansah wangkot bae, banjur padha nangis.

Ki Sudagar judhêg pamikire, ndêlok anake pating brêngok padha nangis. Dhèwèke banjur mêtu saka ngomah lungguh ingarêp lawang, nêdya mikir-mkir,mikir-mikir. apa luwhluwih. bêcik wêwadi mau diwalèhake marang bojone kang bangêt ditrêsnani, apa kapriye. Wah bangêt andadèkake bingunge ki Sudagar ngrasakake kawangkotane sing wadon.

Kacarita ki Sudagar iku duwe babon sèkêt, jago siji lan asu kanggo anjaga katêntrêmaning omah. Sasuwene ki Sudagar lungguh ingarêp lawang karo mikir-mikir, dumadakan wêruh asune marani jago kang êntas ngoyak-oyak babon, lan krungu calathune asu marang jago mau: "O, jago, Gosti Allah ora bakal nglilani urip suwe-suwe ana ing donya kene yèn kokbanjur-banjurake kêlakuanmu kuwi. Wêruha, ki Sudagar saiki lagi nandhang susah. Bok Sudagar anduwèni karêp, supaya malèhake wadine, mangka yèn kêlakon, Ki Sudagar bakal

--- 184 ---

tumêka ing pati. Aku kuwatir yèn ilang kasantosane ki Sudagar, banjur nuruti bojone kang wangkot iku. Awit dheweke bangêt trêsnane marang sing wadon, saiki sêdhih wêruh bojone nangis bae. Aku kabèh padha milu susah, mung kowe sing pijêr sênêng-sênêng bae, kok ora isin kowe."

Jago mangsuli: "E la kok bodho têmên ki Sudagar iku. Bojone rak mung siji ta, la kok ora bisa ngêrèh. Balik aku, bojoku sèkêt, nanging kabèh nurut, apa sing dadi karêpku. Yèn aku dadi ki Sudagar, mlêbu nyang kamar panggonane bok Sudagar, yèn lawange wis dikunci saka jêro, nuli anjupuk kayu lan banjur bok Sudagar dipênthungi anaa kaping satus, mêngko rak mêsthi manut, ora bakal wangkot manèh."

Sawise ki Sudagar krungu têmbungi jago mau, enggal-enggal mênyat saka palungguhane anjupuk kayu, anggolèki bojone sing isih nangis, lawange ditutupi, banjur sing wadon disabêti sarosane, nganti bêngok-bêngok: "O, bapakne, wis cukup, wis cukup, lèrèna anggonmu nyabêti, aku wis kapok, aku arêp manut apa karêpmu." Barêng ki Sudagar krungu pambêngoke mau lan wêruh manawa sing wadon ketok gêtun marang watak wangkot, kang wis dilakone mau, nuli lèrèn anggone nyabêti. Lawange diêngakake, maratuwane lanang wadon lan anak-anake padha mlêbu, banjur padha bungah dene bok Sudagar wis marèni anggone duwe watak wangkot, lan padha ngalêm marang ki Sudagar têka thukul panêmune kang kaya mangkono mau.

Cuthêl

CANGKRIMAN

(Pucung)

1. Aku barang barang tan bisa tinitung / adoh lêlakuku / ngêndi-êndi tak jajahi / hara apa pra kanca padha batangên //1. Aku barang barang tan bisa tinitung / adoh êlakunya / ngêndi-êndi tak jajahi / hara apa pra kanca batangên samya //.

2. Lamun guluku kang cilik mêrit diobong / bangêt mêlasake / usus mbêrodhol kocar-kacir / wêtêng mbêlêdhos dhèdhèl dhuwèl 'ra karuwan //2. Lamun gulu kang clik mêrit tinunu / bangêt mêlasarsa / usus mbrodhol kocar-kacir / wêtêng mblêdhos dhèdhèl dhuwèl 'ra karuwan //.

3. Kewan apa playune angguyokake / ora bisa nolèh / sanajana duwe sirah / coba pikirên matêng-matêng jêro atimu //3. Kewan apa playune agawe guyu / nolèh ora bisa / sanajan sirah darbèni / coba pikir matêng-matêng jroning nala //.

4. Mata apa rina wêngi nangis wae / ora lèrèn-lèrèn / bisa ndadèkake sumur / pêrlu bangêt lan miguna mring kita //4. Mata apa rina wêngi nangis têrus / ora kêndhat-kendhat / bisa ndadèkake kali / pêrlu bangêt lan miguna marang kita //.

BATANGANE

1. Banyu

2. Mêrcon

3. Babi

4. Mata banyu (Sumbêr)

Soetarno, Pandhansari, Balikpapan.

JURU JOGÈD

[Grafik]

Ing dhuwur iki gambare bocah lagi njogèd. Mungguhing panganggone bocah mau wis kêtitik, yaiku: anggon-anggone wong ing nagara Jêpan. Bocah mau lagi nuduhake kagunan jogèd Jêpan. Mara dêlêngên, pêthènthènge kaya raja Tamtanus, dene anggon-anggone bêlang-bêlang kaya ulêse jaran Zebra.

--- [1473] ---

Ôngka 94, Rê Pn, 21 Pasa, Ehe 1868, 24 Nopèmbêr 1937, Taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Palabuhan - Ngèlmi kabatosan - Babadipun Jaka Tirip ing Brêbêk, Nganjuk - Unggulipun manungsa tumrap sêsakit malaria - Gambar wontên ing kaca - Kawontênan ing Purwakêrta - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Palabuhan

[Grafik]

Sawangan krêtêg ing Palabuhan Sydney ing nagari Ostraliah

--- 1474 ---

Raos Jawi

Ngèlmi Kabatosan

Ngèlmi kabatosan punika wiwit jaman kina mila pancèn sampun wontên, dados dede barang enggal. Ngèlmi kabatosan inggih dipun wastani: ngèlmi sêpuh, ngèlmi kasunyatan utawi kasampurnan.

Mila dipun wastani ngèlmi sêpuh, awit ingkang ngangge limrahipun para sêpuh, utawi ingkang satêngah sêpuh. Inggih wontên para neneman ingkang purun anggêgulang ngèlmi sêpuh, nanging botên sapintêna. Ingkang makatên wau katingalipun lajêng nyalênèh, dene taksih ênèm marsudi ngèlmi sêpuh. Manawi dipun tingali saking sagêbyaran mila inggih dhasar makatên. Nanging manawi dipun sawang saking raos kasêpuhan, botên nyalênèh botên barang, jêr tiyang neneman ingkang kados makatên wau jiwanipun sampun sêpuh, ingkang katingal ênèm namung wujuding kuwadhaganipun. Kosokwangsulipun, botên kirang tiyang ingkang sampun sêpuh wujudipun, nanging pratingkahipun taksih kados para neneman, babarpisan botên purun anggêgulang ngèlmi kasêpuhan, punika mratandhani yèn tiyang wau taksih ênèm jiwanipun.

Mila dipun wastani ngèlmi kasunyatan, jalaran anggêgulang nyumêrêpi kanthi nyata pundi ingkang samar-samar utawi gaib, dados botên namung kandhêg wontên ing ucap-ucapan kemawon.

Mila dipun wastani ngèlmi kasampurnan, jalaran sasampuning sumêrêp nyatanipun ingkang samar-samar wau, lajêng katindakakên kadospundi mênggah karsanipun ingkang samar, murih ing akiripun sagêd sampurna: jumênêng pribadi, yèn ta cara kalimrahanipun sagêd manjing swarga.

Batos punika raosing gêsang, dados ngèlmi kabatosan têgêsipun inggih ngèlmi kangge nyumêrêpi utawi ngraosakên raosing gêsang, inggih punika tuking sadaya pangawikan. Mila tiyang ingkang sampun gêsang raosipun punika tansah kraos, mangrêtos dhatêng kawontênan ingkang samar, ngantos sagêd anguningani sadèrèngipun winarah, kadosdene panjênênganipun para sarjana sujana ing kina. Tiyang ingkang kados makatên wau katêmbungakên sampun asoca bathara, sagêd nampi sasmitaning gêsangipun piyambak, ingkang sok lajêng dipun wastani nampi sasmitaning Pangeran. Inggih tiyang ingkang kados makatên punika ingkang nama bêgja saha mulya.

Sanadyana tiyang ingkang sami anggêgulang kabatosan dèrèng dumugi samantên inggilipun, nanging manawi pancèn kapengin sangêt dhatêng ngèlmi kabatosan, sakêdhik-sakêdhik tamtu sampun wontên titikanipun ingkang mracihnani manawi têmên anggêgulang kabatosan, kados ta :

1. Karêm acêcêgah.

2. Wêlas asih dhatêng sasamining gêsang.

3. Narimah ing sapandum.

4. Botên atindak rêsah.

5. Botên uwas sumêlang.

6. Botên adigang, adigung, adiguna.

--- 1475 ---

7. Botên tansah sêsambat, saha sanès-sanèsipun.

Kalanipun kula taksih lare, ing padunungan kula dèrèng wontên sêpur, kula asring nampi rêraosanipun para sêpuh makatên: thole, jare wong tuwa-tuwa besuk ana kreta mlaku dhewe, kapal api ngambah dharatan, pasar ilang kumandhange, kali ilang kêdhunge, wong wadon ilang wirange. Malah jarene kali Brantas ing Kêrtasana krêtêge ing besuk kêmbar, lan kali Brantas ing Tulungagung disudhèt mangidul.

Cariyosipun tiyang sêpuh-sêpuh wau sadaya sampun nyata, inggih punika wontênipun: motor, kareta latu, pêkên botên ngumandhang, lèpèn tanpa kêdhung, tiyang èstri tanpa piningit, blura-bluru kados tiyang jalêr, milih semah piyambak (sanadyan sawêg sakêdhik) krêtêg ing Kêrtasana kêmbar (krêtêg sêpur saha margi tiyang), lèpèn Brantas ing TulungkagungTulungagung. kabaripun sampun dipun wiwiti kasudhèt mangidul.

Nanging sintên ingkang gadhah pamêca wau, para sêpuh botên salêdsagêd. nêrangakên. Namung kintên-kintên kemawon: Sang Prabu Aji Jayabaya, nata binathara ing Mamênang, Kadhiri. Manawi dede punika, inggih salah satunggaling sarjana sujana ing kina. Hêm, samantên pamawasipun sarjana ingkang sampun gêsang raosipun punika.

[Iklan]

Panjênênganipun swargi Radèn Ngabèi Rônggawarsita, pujôngga agêng ing nagari Surakarta Adiningrat, punika inggih satunggaling sarjana ingkang gêsang raosipun, katitik saking tilaranipun sêrat jôngka utawi pamêca: Jaka Lodhang saha Kalatidha, ingkang wontênipun ing samangke sumêbar ing saindênging Nuswa Jawi.

Badhe kasambêtan. Ki Darmaprawira.

--- [1476] ---

[Iklan]

--- 1477 ---

Babadipun Jaka Tirip ing Brêbêk, Nganjuk

Ing dhusun Tirip bawah Brêbêk, Nganjuk, wontên satunggiling kawontênan ingkang nganèh-anèhi. Prawan ing dhusun Tirip wau botên badhe angsal jodho-jodho, yèn dèrèng purun wilujêngan rumiyin ing pasareyanipun Jaka Tirip. Pramila sapunika prawan-prawan ing dhusun wau yèn sampun diwasa, lajêng sami ambêkta tumpêng dhatêng pasareyanipun Jaka Tirip, supados enggal angsala jodho. Dene sabab-sababipun têka lajêng wontên kadadosan ingkang nganèh-anèhi wau, miturut dêdongènganing tiyang dhusun ing ngriku makatên:

Kacariyos, wontên satunggiling jêjaka nama Tirip sampun kasèp diwasanipun, tansah botên angsal-angsal jodho kemawon, damêlipun nyêgah nêdha lan tilêm, awis-awis wontên griya, kasênênganipun wontên ing sanginggiling satunggiling wit nôngka, nyênyuwun dhatêng ingkang Maha Kuwaos mugi-mugi enggala pinaringan jodho ingkang nyocogi dhatêng manahipun.

Ing satunggiling dintên, nalika Jaka Tirip wontên ing sanginggiling wit nôngka wau, piyambakipun sumêrêp satunggiling prawan ambêkta jun dhatêng sêndhang ing sacêlakipun ngriku, prêlu mêndhêt toya. Sanalika Jaka Tirip tuwuh gagasanipun badhe anjawat, mila lajêng enggal-enggal mandhap, nanging cilaka, kêkajênganipun botên sagêd kalêksanan, sabab saking kasêsanipun, piyambakipun kêplorot dhawah lajêng pêjah wontên ing ngriku. Dene jisimipun ugi lajêng kapêtak ing ngriku pisan.

[Iklan]

Botên antawis lami wontên suwara saking kuburan wau, makartên:makatên. Sakabèhing prawan ing desa Tirip kene ora bakal bisa payu laki, yèn ora gêlêm anggawa tumpêng mênyang kuburanku kene dhisik. Ngantos sapriki prawan-prawan ing dhusun Tirip ngriku yèn sampun diwasa lajêng sami wilujêngan ing pasareyanipun Jaka Tirip wau, kapasrahakên dhatêng Kyai Modin, ingkang sampun pikantuk idi dening Jaka Tirip.

Suradi.

--- 1478 ---

Bab Kasarasan

Unggulipun manungsa tumraping sêsakit malaria

Sambêtipun Kajawèn nomêr 93.

Lêmut malaria punika anggènipun manggèn lan nigan pancèn inggih wontên ing ganggêng punika, ing ngriku tigan lêmut sagêd nêtês dados ugêt-ugêt lan dados lêmut alit-alit (muggen-larven) ingkang gêsangipun ing ganggêng wau kanthi sae lan primpên botên wontên ingkang sagêd anggodha utawi ngrisak, nanging ing pabandêngan ugi asring wontên, malah sok kathah ulamipun sanès kados ta: ulam kadha (blanak) ingkang dados mêngsahipun lêmut wau. Yèn ugêt-ugêt utawi lêmut alit-alit pinuju lena mungup-mungup, mêdal sakêdhik kemawon saking ganggêng lajêng dipun caploki dening ulam kadha wau, nanging yèn ugêt-ugêt utawi lêmut alit-alit wau botên mêdal, ulam kadha inggih botên sagêd môngsa utawi nyaploki.

[Grafik]

Bêndungan ingkang sampun sae kangge ngoncori toya ing pabandêngan, lan ing sisih: balumbang ingkang dipun ênggèni lêmut malaria.

Samôngsa lêmut alit-alit wau sampun mêdal êlaripun lan sampun kiyat, inggih lajêng sami mibêr dhatêng pundi-pundi sarta sagêd nular-nularakên sêsakit malaria wau, tumrap têtiyang ing kampung saubêngipun pabandêngan punika ambêbayani.

Ganggêng ijêm ingkang kumambang kangge manggèn utawi nigan lêmut wau kêdah dipun icali, supados lêmut botên sagêd manggèn utawi nigan. Môngka ganggêng ijêm punika, kangge têtêdhanipun ulam bandêng, upami ganggêng ical, ulam wau botên wontên têtêdhanipun.

Kadospundi rekadayanipun sapunika, dipun icali, lêmut sagêd ical, damêl kapitunanipun ingkang gadhah pabandêngan, jalaran bandêngipun têmtu botên nênêdha, dados botên lami têmtu sirna.

Commissie botên kèndêl samantên kemawon, tansah ngudi lan ngupados margi supados lêmut botên sagêd manggèn utawi gêsang ing ngriku, lan ulam bandêng kêdah gêsang ing pabandêngan wau tanpa ganggêng ijêm.

--- 1479 ---

Tuwan Rijntjes ingkang ngudi lan mriksa kawontênanipun gêsanging ulam bandêng ing toya pabandêngan, sagêd nyumêrêpi bilih ulam bandêng ing toya pabandêngan sagêd pikantuk têtêdhan kajawi ganggêng ijêm ingkang kumambang wau, ugi sagêd nênêdha rêrêgêd lan lumut ganggêng biru ing ngandhap toya (dhasar) pabandêngan. Sanajan ganggêng biru wau kadhang-kadhang sagêd kumambang, nanging sagêd kêlêm malih, amargi ganggêng punika botên kados ganggêng sanèsipun ingkang kumambang gumramyang pating saluwir dados kathah, ingkang sêla-sêlanipun kangge manggèn ugêt-ugêt lêmut wau. Ganggêng biru ingkang wontên ing ngandhap toya kêmpêl kadosdene êndhut, yèn pinuju kumambang lêmut botên purun mencok utawi manggèn kangge nigan, awit ganggêng punika sadintên kalih dintên sagêd kêlêm malih, lêmut kados sampun mangrêtos yèn ganggêng makatên punika sagêd kêlêm.

Sapunika rèhning ulam bandêng wau wontên ing dhasar utawi ngandhap toya sagêd pikantuk têtêdhan saking lumut ganggêng biru wau, mila ganggêng ijêm ingkang kumambang dipun icali inggih botên dados punapa-punapa.

Wasana têtiyang ingkang gadhah pabandêngan sami grundêlan, awit yèn ulam bandêng namung sami nêdha êndhêg-êndhêg toya utawi êndhut, ulamipun dipun têdha raosipun mambêt êndhut, yèn dipun sade kirang pajêng.

Sanajan Commissie ngrika-ngriki sami dipun duwa, mêksa lajêng anggènipun nyambut damêl saha nêrang-nêrangakên dhatêng têtiyang wau, inggih punika ulam bandêng nêdha lumut ganggêng biru ing ngandhap toya botên dados punapa-punapa, awit yèn sampun dipun ratêngi, dipun têdha botên mambêt êndhut lan botên ical gurihipun. Dene ganggêng ingkang kumambang wau katingal rêgêd sangêt, wah malih kangge manggèn tigan lêmut ingkang dados ugêt-ugêt lan dados lêmut malaria, tumrap têtiyang ing kampung ngriku ambêbayani.

[Iklan]

Sasampunipun rambah-rambah têtiyang wau dipun rêtos-rêtosakên lan dipun gênah-gênahakên, dangu-dangu lajêng mangrêtos yèn pranatan nagari punika botên badhe damêl kapitunan, wasana lajêng sami purun ambiyantu ngicali ganggêng ijêm ingkang damêl rêgêding pabandêngan lan kangge panggenan tangkar-tumangkaripun lêmut, malaria wau.

Badhe kasambêtan

R. Sumadirja, Ind. Arts. Sêmarang.

--- 1480 ---

Kawruh Satawis

Gambar wontên ing kaca, tuwin pratikêlipun

Ing sasumêrêp kula kados sampun sumarambah sangêt ing bab wontênipun gêgambaran ingkang kapêtha (kacorèk) wontên ing kaca, kados ta: gambar ringgit, ungêl-ungêlan, rafal-rafal, plat asma, sapanunggilanipun. Ingkang ewonipun asri sangêt mênggahing paningal, kajawi punika sadaya gambar ingkang kapêtha wontên ing kaca punika sagêd ambabar cahya gilap dumêling, tur ugi botên badhe enggal luntur kadosdene gambar ingkang kapêtha wontên ing dlancang.

Ing sarèhning sasumêrêp utawi saemut kula ing bab punika : Kajawèn dèrèng nate ngêwrat, kados botên wontên awonipun mênggah bab punika wau kula andharakên wontên ing ngarsanipun para maos (punika bokbilih panjênênganipun tuwan rêdhaktur amarêngakên maringi papan) inggih namung trimah lowung minôngka kangge pêpak-pêpak isining udyana Kajawèn.

Samangke badhe kula wiwiti saking ingkang gampil-gampil rumiyin.

Plat Asma (naambord)

Sasampunipun kagungan pilihan gagraging aksara ingkang badhe kagêm, nuntên amundhuta dalancang ingkang panjangipun sakintên anyêkapi, lajêng miwiti andamêl aksara mawi potêlot.

Ing sarèhning sadaya sêratan manawi badhe kasêrat wontên ing kaca kêdah kasêrat malik, pramila lajêng mundhuta dalancang karbon (carbon-papier) kapasanga malumah wontên ing ngandhaping pola aksara kasêbut ing ngajêng, sasampunipun, murih aksara-aksara wau sagêda nabêt wontên ing sisihing pola, lajêng kaambalana dipun corèki malih.

Sasampunipun rampung, dalancang pola kapundhuta, ing sisihipun tamtu sampun wontên tabêtipun aksara kala wau, namung dhapur kuwalik (inggih punika ingkang badhe kapola wontên ing kaca).

Manawi kapinujon botên wontên dalancang karbon, ugi sagêd ngagêm dalancang kalkir (calqueer-papier) utawi dalancang minyak.

Patrapipun, dalancang kalkir utawi minyak katumpangna ing pola ingkang lamak, aksara lajêng kapolaa malih, sasampunipun cêkap lajêng kapundhuta, sisihipun sampun kenging kagêm pêtha wontên ing kaca.

Samangke lajêng mundhuta kaca ingkang ukuranipun sakintên anyêkapi. Kaca-kaca kalawau sagêd mundhut ing sabên toko tosan kanthi mirah, amiliha kaca ingkang bêning sampun ngantos wontên balêntong-balêntongipun, awit kaca ingkang makatên wau botên prayogi manawi kadamêl gambar, tur adhakanipun angèl sangêt ical-icalanipun.

Kaca lajêng kakumbaha mawi sabun ingkang ngantos rêsik, manawi sampun rêsik lajêng kagaringakên, sarana kagosok mawi sêrbèt utawi pipihan sanèsipun, botên kenging pisan-pisan kaêpe.

--- 1481 ---

Sasampunipun kêsat tuwin garing saèstu, ing lumahing kaca ingkang badhe kagambar (kacorèk) kagosoka mawi bubukan kapur ingkang lêmbat, utawi kenging ugi ngagêm wêdhak (wêdhak korèk).

Patrapipun : bubukan kapur utawi wêdhak kauwur-uwurna wontên ing lumahing kaca, lajêng kagosoka mawi pipihan wongsal-wangsul ngantos waradin. Sasampunipun lajêng kaêlapana malih ngantos wangsul bêning malih.

Paedahipun kagosok mawi bubukan kapur utawi wêdhak, manawi kacorèk mawi mangsi (Oost-Indische inkt) botên badhe sagêd anjêmblok.

Samangke lajêng sampun sagêd miwiti anggambar.

Badhe kasambêtan.

Sutana.

Kartu Lêbaran

Kasêbarakên dening Asib dhatêng para lêngganan Kajawèn.

Ing ngriki kawartosakên dhatêng para maos, bilih salah satunggiling Kajawèn ingkang badhe mêdal, badhe dipun kanthèni kartu lêbaran, ingkang wujudipun sae, prêlu kangge ngintuni para kadang warga, ngucapakên wilujêng ing dintên lêbaran. Kartu wau ingkang nyukani Asib.

Mangke samôngsa para maos sampun mriksani, tamtu karênan ing panggalih saha kaparêng ngagêm, amargi kartu wau pèni yêktos.

Kartu wau mathukipun ngangge prangko Asib dados nama gathuk.

[Iklan]

--- 1482 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Kawontênan ing Purwakêrta V

Petruk : Kanggo mungkasi caritaku prakara Purwakêrta, saiki kowe tak dongèngi nalikane aku arêp dolan mênyang Kalibacin, Kang Garèng. Saka Purwakêrta aku nunggang trèm nyang Pathikraja. Karêpku saka kono têruse aku arêp nunggang dhokar bae.

Garèng : Iki jênênge rak putêr kayun, Truk, ambok nyêpure kuwi ditêrusake bae nyang Gambarsari. Saka kono nyang Kalibacin rak wis luwih cêdhak.

Petruk : Wah, kapok tuwa têmênan, Kang Garèng, yèn aku dikon mêtu Gambarsari, awit saka kono banjur kapêksa kudu nyabrang kali Srayu, nunggang tambangan. Wah, iya luwung nyuwun pêrlop, Kang Garèng, yèn aku nganti dikon gethekan kuwi, kathik gethekan ana ing kali Srayu. Apa prasaksat dikon sowan nyang Kyai Wangsanangga, dhanyanging kali Srayu. Utawa apa murih disarab Sang Bayu Buntung, yaiku baya kang wis mrêkayangan, sarta saikine wis ngadhaton ana ing Silarang.

Garèng : Wayah, jarene wong wis modhèrên, kathik prêcaya marang prakara sing pating brêndhil mêngkono. Nèk kanggone aku dhewe, Truk, mula iya gêmang yèn dikon nyabrang ing kali Srayu kuwi, ora sabab saka wêdi, nanging jarene wis ana rêmbuge Kyai Wangsanangga, aku arêp ... dipèk mantu.

Petruk : We, hla kok iya lumrah, nèk jênêng manusa kuwi, rupaa pating pleyot pisan, kok iya duwe rumasa duwe bagus lan brêgas, lan sapa bae mêsthi kêpengin ngêpèk mantu. Nanging tak pikir-pikir kok iya mèmpêr, nèk Kang Garèng arêp dipèk mantu karo Kyai Wangsanangga, dhasar dhanyanging kali, mêsthine iya sugih prawan sing pantês dadi jodhone Kang Garèng, kaya ta upamane sing jênêng: nyi mas lara ... bulus.

Garèng : Wong kurang ajar, uwong kathik kon rabi bulus, apa dikon anak-anak ... sidhat. Wis, aja nglindur, banjurna bae caritamu.

Petruk : Sabanjure, Kang Garèng, sajêrone aku nunggang dhokar saka Pathikraja mau, kusir dhokar carita nyang aku, yèn ing desa Notog ana dhukun kang mandi bangêt.

Garèng : Wèyèh, apa ula koros, kathik diunèkake mandi, nèk dhukun sing pêng-pêngan kuwi, arane rak mustajap.

Petruk : Iya wis, Kang Garèng. Ngrungu ana [a...]

--- 1483 ---

[...na] dhukun mustajap mau, sanalika kono tuwuh pikiranaku mangkene : ing sarèhne aku mung duwe sadulur lanang siji, kathik sugih lara: korèng, wudun, gudhig, borok, bubul, diborong dadi siji, jajal-jajal tak suwunake tômba nyang kyai dhukun kiyi, nèk-nèke bisa mari.

Garèng : Lho, sing êndi ta sêdulurmu sing sugih panyakit kuwi.

Petruk : Hla, kuwi nèk manusa. Sanadyan gênah bubulên upamane, ana dalan dikrakal anyar, ora kok sêmingkir, nanging malah ditrajang sarana dhadha diungalake, sirah didêngèngèkake, wirone dicangking, ngumbar suwara : ma-tik aku, sarta lakune banjur digawe: mincêk-mincêk, lho, iki saka êmohe diarani : bubulên. Ya uwis, saiki tak banjurne bae caritaku. Kala samono, Kang Garèng, lakuku nyang Kalibacin banjur tak wurungake, sarta banjur mrêlokake sowan nyang ing dhukun mau. Miturut calathune kusir, sing sapa arêp sowan nyang kyai kono kuwi, kudu anggawa sarat kêmbang kang diisèni dhuwit sakêthip. Lan kêmbang mau kudu tuku ing warung Tionghwa ing sacêdhake kono. Aku iya mèlu-mèlu mangkono, Kang Garèng. Barêng aku têkan ing omahe kyai dhukun, wèh, nyata, dhukun sing wis kawêntar bangêt. Ingatase kala samono isih rada esuk, sing sowan nyang kyai wis pirang-pirang bangêt. Kabar-kabare wong sing sowan mrono, kuwi ora kurang saka sèkêt sadinane.

Garèng : Mêngko sik, Truk, aku tak takon dhisik, sing adol kêmbang ing kono ana wong pira.

[Grafik]

Petruk : Wiyah, pitakone kathik kênèh-kênèh mêngkono. Sing adol kêmbang mung wong siji, Kang Garèng.

Garèng : Bagus, wong siji awèh sêkêthip, wong sèkêt mêsthine awèh 50 kêthip, dadi sêdinane pangasilane dhukun mau 5 rupiyah, sêsasine 30 x 5 rupiyah = 150 rupiyah, kêmbang sabuntêle upama digawe 1 sèn, 50 bungkus, iya 50 sèn. Kira-kirane kêmbang sing saka dhayoh mau bali nyang warung Tionghwa manèh, alias : kong kalikong.

Petruk : Wiyah, wiyah, ora ngandêl nyang

--- 1484 ---

dhukun, iya ora, aja tumuli banjur arêp andakwa sing ora-ora mêngkono. Saiki rungokna, tak banjurne caritaku. Ing kala samono kabênêran, Kang Garèng, ana wong saka Purbalingga anjaluk tômba nyang kyai dhukun, kanggo bojone kang wus lawas duwe lara wêtêng. Barêng kabèh wis ditêrang-têrangake nyang kyai dhukun, kyai dhukun ujug-ujug banjur kranjingan, Kang Garèng, jarene karawuhan yitmane lêluhur sing wis seda pirang-pirang atus taun, Kang Garèng, sabanjure kyai dhukun banjur nulis ana ing meja nganggo dariji. Nèk rumasaku iya ora ana tapake apa-apa. Nanging tumrape kyai mau, jarene tulisane cêtha wela-wela. Miturut omonge uwong, jarene isining tulisan mau dhawuhing lêluhur sing nyurupi kyai dhukun. Dene sing bisa maca iya mung kyai dhukun dhewe. Ora antara suwe kyai dhukun mau banjur maca tulisane dhewe sing ana ing meja mau. Anggone maca nganggo lagu kinanthi, Kang Garèng.

Garèng : Haiya, Truk, ora dadi ngapa kelangan dhuwit sakêthip karo dhuwit kêmbang sasèn, idhêp-idhêp ngrungokake wong barang kêntrung.

Petruk : Wayah, ambok aja sêmbrana, ta, Kang Garèng, nèk ngunèk-unèkake uwong kuwi kathik sakrêsanya mêngkono. Wis, saiki rungokna, tak dongèngi patrape kyai dhukun karo sing anjaluk tômba mau. Kyai dhukun, maca nganggo lagu kinanthi mangkene :

Mungguh larane bojomu / bênêr bae nguwatiri / ora kêna ingobatan / aspirin pil miwah jèksi / yodh kali salêp salparsan / tanpa guna ora mari //

Kasambêt bêbukanipun / dening kang baurêksa ing / pakarangan miwah griya / ora trima mring sirèki / dènnya dandan-dandan griya / ana kang salah sakêdhik //

Ora, apa kowe dhèk anu dandan-dandan omah.

Dhayoh sing anjaluk tômba mangsuli mangkene, Kang Garèng.

O, inggih, sêg anu kula damêl èmpèr.

Dhukun calathu : Hla iku. Sauwise, Kang Garèng, kyai dhukun nuli ambanjurake kinanthine mau mangkene :

Ana usuke kang kliru / saikine jaluk ganti / idu tumètès ing bantal / salêr maning rada miring / adus toya ing ngawiyat / enggal dinandanan ugi.

Dhayoh anjaluk tômba : inggih, inggih, kyai, mangke kula dandosi.

Kyai dhukun : Lan kanggo tômba bojomu / klapa ijo cêdhak margi / toya dêgan cinampuran / uyah adas pulasari / ingombèkna waktu siyang / rong dina bae wis mari.

Dhayoh : inggih, inggih, sampun kyai kêlilan.

Wah, Kang Garèng, barêng aku krungu sing kaya mêngkono kuwi, aku banjur lunga tanpa pamit. Masa iya, lêluhur kathik kobêr-kobêre têtêmbangan kinanthi barang, luwih manèh nganggo wangsalan pisan.

Garèng : Nèk-nèke lêluhur sing ngranjingi kuwi biyèn-biyène pènsiunan, ... langêndriyan barang, dadi omonge kêpatuh ditêmbangake. Wis, wis, Truk, rêmbugane bab Purwakêrta disêtop samene bae, liya dina rêmbugan ing bab liyane bae manèh.

--- 1485 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

KANGJÊNG NYONYAH GUPÊRNUR JENDRAL MÊDHAR SABDA, BAB PRANGKO A.S.I.B. Benjing ing dintên Salasa tanggal 30 November punika, ing wanci sontên, jam 6.50 (jam pitu kirang sadasa mênit), Kangjêng Nyonyah Gupêrnur Jendral badhe mêdhar sabda wontên sangajênging microfoon N.I.R.O.M. gêgayutan kalihan anggèning prangko A.S.I.B. badhe kasade. Sasampunipun punika lajêng ngandharakên katrangan ringkêsan bab cara-caranipun anggèning A.S.I.B. tumindak ing damêl.

[Iklan]

Mr. R.A. Siti Soendari nindakakên papriksan dhatêng Ngayogya. Sampun sawatawis dintên, Mr. R.A. Siti Soendari Soewadjipoetra ing Bêtawi, kapiji ing Parentah dhatêng Ngayogya, pêrlu nitipriksa dhatêng kawontênanipun golongan bêrah èstri ing nagari ngriku.

Kawênangakên angsal kindertoelage. Kawrat kêkancingan saking Departement Pangajaran katitimangsan kaping 5 October 1937 No. 30929/B, pamulangan Lagere Nijverheidsschool voor meisjes Sint Anna, murid-muridipun kawênangakên angsal kindertoelage.

Bandera Parindra. Miturut wartos, awit saking rêmbaging H.B. Parindra, badhe macak tatanan wontên ing baleswaranipun, supados sawarnining tumpakanipun para warganing Parindra sami mawi têtêngêr bandera Parindra alit. Manawi sêdya punika kasêmbadan, ing sabên auto, sêpeda tuwin sanès-sanèsipun badhe kapasangan makatên.

Rêca Buda ing Fort de Kock. Sampun dangu ing Dierenpark ing Fort de Kock wontên rêca Buda tiga iji. Rêca wau ingkang satunggal nama Dharmapala, satunggalipun Amoghapaca. Miturut wartos, rêca Amoghapaca wau satunggaling rêca Buda ingkang agêng piyambak ing satanah ngriki. Rêca wau asli anggènipun manggih wontên ing sacêlakipun Sijunjung, Bukit Tinggi. Awit saking panêdhanipun Museum rêca wau badhe kabêkta dhatêng Bêtawi.

Sêsakit pest ing Sela. Ing dhusun Samiran, Sela, Boyolali, wontên tiyang kêtrajang sêsakit pest wudun ingkang pinanggih tansah lumintu. Wontên tiyang 27 ingkang magêpokan kalihan tiyang ingkang sakit, sami dipun barak. Ing dhusun Samiran ngriku ing salêbêtipun 20 dintên wontên tiyang tiwas jalaran kêtrajang pest paru 2, pest wudun 5. Tumrap têtiyang ingkang sami dipun barak, wontên ingkang ngajal 3. Malah ing dhusun Klakah, ing tapêl-watês Munthilan ugi wontên lare ingkang ngajal jalaran sakit pest.

Ratu Adil. Ing dhusun Jatiseeng, Cirêbon, wontên tiyang nama Asnawi, umur 60 taun, ngakên dados Ratu Adil. Tiyang wau ngakên darah Nabi Adam tuwin Sunan Gunung Jati, saha ajêjuluk Hèru Cakra, Imam Mahdi, Ratu Adil tuwin K.N. Adam ingkang nguwaosi ing donya punika, kathah-kathah pangakênipun ingkang sarwa nglêmpara. Kanthinipun wontên tiyang kalih nama Wista tuwin Praja, ingkang nyêbar wartos dhatêng pundi-pundi. Wusana tiyang 3 wau sami dipun cêpêng ing pulisi.

Comite Arab. Ing Bêtawi wontên babadan comite Arab, ingkang kajêngipun nglêmpakakên arta kangge darma dhatêng Palêstina. Ingkang kaangkat dados pangayoman kaptin bangsa Arab tuwan Hasan Argoebie.

Angsal-angsalanipun S.S. Angsal-angsalanipun S.S. ing tanah Jawi ing wulan October kêpêngkêr wontên f 2.511.749,-. October taun kêpêngkêr wontên f 2.200.407.90. Tumrap Zuid-Sumatra f 269.525.-. October taun kêpêngkêr f 222.325.90. Sumatra's Westkust f 167.382.-. October taun kêpêngkêr f 131.740.35 Acèh f 97.217.-. October pêndhakipun f 82.012.68.

Rêrigên numbasi randhu. Ing wêkdal punika Volkscredietbank ing Paree numbasi pamêdal kapuk ing kanan-keringipun ngriku, sabên 100 iji 13½ sèn. Salajêngipun karimat ing gudhang. Tindak wau pêrlu anjagi supados têtiyang ingriku botên nyade ing sakajêng-kajêngipun. Dene manawi wontên tiyang ingkang badhe kilak, kenging tumbas dhatêng gudhang wau, botên kaindhakakên rêginipun.

Tampi bintang saking nagari Walandi. Para utusan Nata ing Surakarta tuwin Ngayogyakarta ingkang anjênêngi pikramèndalêm Sripaduka Prinses Juliana, sami tampi bintang pèngêtan saking Sripaduka Prinses. Inggih punika B.K.P.H. Soerjohamidjojo sakalihan Bêndara Radèn Ayu G.K.R. Pambayun ing Ngayogya, B.P.H. Poeroebojo tuwin B.P.H. Pakoeningrat.

Ing bab tiyang ingkang katarik ing pajêg. Pranatan ingkang sampun tumindak ing sapunika, tiyang ingkang kangengingakênkakengingakên. pajêg, wiwit balanja f 100.- sataun. Nanging wiwit taun ngajêng wiwit ingkang balanja f 90.- sataun. Dene tumrap ing kitha ingkang agêng-agêng, kadosta Sêmarang, Bêtawi, Surabaya tuwin Bandung dipun wontêni tatanan sanès, amargi tataning panggêsangan ingriku pinanggih beda.

Sinau dhatêng Manila. Miturut wartos, awit saking kaparêngipun Parentah, tuwan Soemeddi, Gouv. Ind. Arts. ing Purwokêrto, benjing wulan Maart 1938 kadhawuhan dhatêng Manila, pêrlu nindakakên pasinaon, laminipun sataun.

--- 1486 ---

[Grafik]

Inginggil punika wujuding prangko Asib ingkang badhe kasade ing tanggal 1 December ngajêng punika.

P.G.I. têtêp 25 taun. Kala malêm Ngahad tanggal 14 wulan punika, Pêrsatuan Guru Indonesia ngawontênakên pêpanggihan wontên ing Bandung manggèn ing gêdhong Pasundan ing Pangeran Sumêdangweg, mèngêti adêging pakêmpalan sampun 25 taun. Para pangagêng ingkang rawuh anjênêngi kathah. Pakêmpalan sasampuning ambikak parêpatan, pangarsaning verbondbestuur tuwan Atik Soeardi mêdharsabda ngaturakên gênging panuwun dhatêng ingkang sami kêparêng rawuh, saha ngaturakên panuwun dhatêng para ingkang ambiyantu adêging congres P.G.I. ingkang kaping 25 punika, punapadene dhatêng para ingkang kintun têlêgram tuwin sêkar. Kajawi punika ngaturakên gênging panuwun dhatêng R.A.A. Wiranatakoesoema anggèning kêparêng jumênêng pangayoman comite. Minangka andharan pamêdharsabda mratelakakên, adêging pakêmpalan punika kala ing taun 1912 wontên ing Magêlang. Dumugining wulan Maart taun 1927 pakêmpalan wau nama P.G.H.B. lajêng santun nama P.G.I. Salajêngipun mratelakakên ancasing pakêmpalan, tuwin sanès-sanèsipun.

[Grafik]

Conferentie sêsakit lepra ing Mêsir. Dr. P.H.J. Lampe, directeur Centraal Instituut kangge mriksa sêsakit lepra ing tanah ngriki ing Bêtawi tuwin Dr. J.B. Sitanala, hoofdgouvernementsarts ing Sêmarang, ugi panuntun nyirnakakên sêsakit lepra ing tanah ngriki, sami kapiji dening Pakaryan Kasarasan, minangka wêwakilipun Pakaryan Kasarasan, anjênêngi conferentie babagan sêsakit lepra ing Mêsir benjing taun 1938.

Suntikan pest ing Wonosobo. Wiwit tanggal 17 dumugi 25 wulan punika ing Wonosobo kawontênakên suntikan pest ngangge jampi Dr. Otten. Têtiyang ingkang kasuntik badhe wontên 16.000.

Tiyang ukuman minggat. Têtiyang ukuman ing Ampênan, Lombok, ingkang kapurih nyambutdamêl wontên Pringgarata, Lombok-Tengah, sami minggat cacah 22. Pulisi lajêng madosi têtiyang ingkang sami minggat wau. Salajêngipun sampun wontên kalih ingkang kêcêpêng.

Tentoonstelling sata Verginia. Ing bawah Bojonêgoro wontên tanêman sata Verginia ngantos 50.000 bau, nanging dèrèng patos kasumêrêpan ing tiyang kathah. Limrahipun sata wau dipun wastani sata Rêmbang. Tanêman sata wau dipun adani dening British American Tobaco. Dene pasitèn ingkang dipun pilih namung wontên kalih distrik, sanèsipun papan wau botên wontên ingkang mathuk dipun tanêmi. Mênggah angsal-angsalaning panenan badhe kapitongtonakên.

Kêbêsmèn ing rêdi Wilis. Ing rêdi Wilis mêntas wontên kêbêsmèn wana malih, dèrèng kasumêrêpan pintên kapitunanipun.

Sampun têtêp santun nama. Wiwit tanggal 16 wulan punika station Batavia tuwin Weltevreden sampun dipun santuni namanipun. Batavia dados Batavia-Benedenstad, dene Weltevreden dados Batavia-Koningsplein.

NAGARI WALANDI

Mêling kapal-kapal enggal. Miturut wartos, Kon. Shell mêling kapal lisah enggal kathah, rêrêgèn 18 yuta rupiyah. Tumrap Ned. Scheepsbouw tampi wêlingan 2 ingkang 15.000 ton. Wilton Feyenoord tampi wêlingan 3 ingkang 120.000 ton. Rott. Droogdok Mij. 1 ingkang 12.000 ton. Amsterdamsche Ned. Dok Mij. 1 ingkang 9000 ton. Van der Giessen ing Krimpen aan de Lek 1 ingkang 9000 ton.

Kruiser pulisi Jan van Brakel dhatêng Indhia-Kilèn. Benjing wulan Januari ngajêng punika Kapal Kruiser pulisi Jan van Brakel badhe pangkat saking nagari Walandi dhatêng Indhia-Kilèn, nggêntosi kapal Gelderland. Kapal pêrang Java ingkang dhatêng Indhiy-Kilèn, benjing Mèi 1938 wangsul dhatêng tanah ngriki.

EROPA

Rêgining sata mindhak. Miturut wartos saking Berlijn, wiwit tanggal sapisan December ngajêng punika, rêgining sata saking tanah ngriki tuwin sata-sata asli saking nagari jajahan katêtêpakên mindhak 10 pCt.

Kasangsaran motor mabur. Satunggiling motor mabur ingkang anggêgana saking Frankfort-London, nalika badhe mandhap wontên papan anggêgana ing Ostende, jalaran saking pêdhut kandêl, lampahipun nrajang pipa pabrik, lajêng dhawah. Tiyang ingkang numpak sadaya 8 tuwin punggawa 3, tiwas sadaya. Ing kala punika Prins van Hessen tuwin putrinipun ugi nitih wontên ingriku.

Graziani wangsul dhatêng Italie. Kawartosakên, bilih Graziani, raja mudha ing Ethiopie kapurih wangsul dhatêng Italie. Dene ingkang gumantos, H4ertog Aosta, kapenakipun Nata Italie.

Blêdhosan ing kapal. Kapal Italie Boccacio ingkang nuju lumampah saking Genua dhatêng Hamburg ambêkta obat, sadumugining sakidul-wetan Ouessant anjêblos. Wontên tiyangipun 31 sami punggawa ngriku dipun tulungi dening kapal Tanjung wontên tiyang ingkang ical satunggal.

--- 1487 ---

Wêwaosan

III. Lêlampahanipun Ilya

28

Sampon, satunggiling prajurit sêpuh, lajêng ngadêg saking palinggihanipun sarta awicantên makatên:

Kula ngaturi sugêng, anggèr Ilya, dene panjênêngan samangke sampun katêtêpakên dados têtungguling para pangajêngipun prajurit ing Ruslan ngriki. Panuwun kula dhatêng panjênêngan, anggèr, mugi sampun duka sangêt-sangêt dhatêng pun Alyasa, awit, Alyasa punika putraning pangagêng agami, lan limrahipun turuning tiyang ngulama punika sok ragi kumalungkung. Kadosdene padatanipun anaking tiyang ngulama, Alyasa punika sanadyan sawêg mêndêm utawi botên, pancèn langkung pintêr mêmisuh katimbang prajurit sanès-sanèsipun. Nanging piyambakipun punika kêndêl lan prawira ing salêbêtipun paprangan, amila kula sadaya tansah suka ngapuntên dhatêng padatanipun ingkang awon wau.

Mirêng cariyosipun Sampon ingkang makatên punika, Alyasa saya nêpsu, sarta lajêng anglairakên pawicantênan ingkang sakintên adamêl sêriking Sampon, prajurit sêpuh wau. Mênggah wicantênipun Alyasa makatên :

Paman Sampon. Kula botên ngintên sakêdhik-kêdhika, bilih panjênêngan ugi tumut-tumut kêtliwêng ing panggalih. Kula botên nêdya adamêl gêrahing panggalihipun paman, nanging kula kapêksa kêdah matur, sayêktosipun kula gumun sangêt, ingatasipun panjênêngan, sêsêpuhipun para prajurit sadaya ingkang sampun kacêluk ing saindênging praja mênggahing kêkêndêlan lan kaprawiranipun, sarta lêlabêtanipun dhatêng sang nata tuwin praja, sampun tanpa wicalan kathahipun, têka krêsa-krêsanipun anyêbut anaking tilangtiyang. tani, dados tiyang dhusun ingkang dèrèng kasumêrêpan asal-usulipun: anggèr. Inggih punika panyêbutipun tiyang sêpuh dhatêng tiyang nèm ingkang pantês dipun aji-aji. Langkung gumun malih kula, dene panjênêngan krêsa ngakên dhatêng tiyang ingkang dèrèng gadhah lêlabêtan punapa-punapa dhatêng nagari, dados pangagêng panjênêngan.

Saking pasêmoninpasêmonipun. katingal, bilih Sampon ing batos botên rêna dhatêng têmbungipun Alyasa wau, lan para satriya sadaya ugi sampun kuwatos, manawi Sampon lajêng anêmpuh dhatêng Alyasa, ingkang wusananipun têmtu badhe ambilaèni tumrap Alyasa, jalaran Sampon punika sampun kawêntar mênggahing kadibyanipun. Nanging rahayunipun, dene Sampon wau sagêd ngêngkên nêpsunipun, lan salajêngipun namung kalair têmbungipun sêmu ngerang-erang makatên :

Pangandika panjênêngan, anggèr Alyasa, mila inggih lêrês sangêt. Anggèr Ilya pancèn dèrèng labêt punapa-punapa dhatêng prajanipun piyambak punika. Inggih lêrês piyambakipun sagêd angawonakên pun begal Solowe, nanging pancènipun panjênêngan sampun dangu sagêd angasorakên yudanipun Solowe wau, saupami botên wontên tiyang ingkang ngalang-alangi panjênêngan. Milanipun kalawau panjênêngan inggih lajêng brangkangan lumajêng, nalika Solowe ngêrik, ngakak punapadene anggêrêng.

Para satriya sadaya sami gumujêng latah, dene Sampon kalayan sabar lajêng wicantên dhatêng Dhobrinya makatên :

Anggèr Dhobrinya, môngga kula aturi ngasta calêmpung panjênêngan, sarta panjênêngan kula aturi têtêmbangan angrumpaka mênggahing kadibyanipun satriya ing jaman kina. Prêlunipun sudossupados. pangagêng prajurit enggal punika sagêd mirêng suwara panjênêngan. Awit ing salumahing bumi botên wontên tiyang ingkang sae suwaranipun kados panjênêngan punika. Kula piyambak sampun nate mirêngakên panêmbangipun sang misuwur pun Bawan, ewasamantên suwaranipun mêksa dèrèng nyandhak kalihan suwara panjênêngan, môngga, samangke kula aturi anggrambyang calêmpung panjênêngan, sarta krêsa angrumapakakakên mênggahing lêlampahanipun Swatogor tuwin prajurit asli tani ingkang nama Mikula. Kula aturi nyariyosakên malih mênggahing lêlampahanipun para luhur ing jaman samantên.

Dhobrinya lajêng nyandhak calêmpungipun saha nuntên kagrambyang sakêdhap. Sasampunipun lajêng andhingkluk kèndêl ngantos sawatawis dangu, tanpa ebah-ebah, kadosdene wontên ingkang sawêg dipun gagas. Sang Prabu Wladhimir tuwin sang pramèswari, punapadene para tamu sadaya, sami nyawang dhatêng pun Dhobrinya, ing sêmu sampun botên sabar daya-daya tumuntêna Dhobrinya amiwiti anggènipun calêmpungan tuwin angrumpaka wau. Sarêng Dhobrinya sampun andêngèngèk malih, rainipun katingal sumringah, lan maripatipun katingal bêning, kadosdene nyawang dhatêng papan ingkang têbih saking ngriku.

Ing ngriku Dhobrinya lajêng miwiti ngungêlakên calêmpungipun sarta lajêng angrumpaka, suwaranipun sakalangkung sae sarta anglangut, ngantos [nganto...]

--- 1488 ---

[...s] sadaya rumaos kapranan manahipun. Langkung-langkung mênggahing Ilya, salaminipun gêsang piyambakipun dèrèng nate mirêngakên suwara ingkang samantên saenipun, ngantos piyambakipun angrumaosi, bilih suwara wau saking suwarga.

Ngêmungakên Alyasa piyambak ingkang botên mirêngakên dhatêng têtêmbanganipun Dhobrinya wau. Linggihipun mapan wontên ing panggenan wingking sangêt amping-ampingan ing saka. Katingalipun kadosdene piyambakipun nêpsu sangêt dhatêng kônca-kancanipun sadaya, awit sami langkung angrêgèni dhatêng Ilya katimbang dhatêng piyambakipun, sarta ing sêmu sadaya wau sampun botên angèngêti, bilih piyambakipun ing kala rumiyin sagêd amrajaya dhatêng mêngsahipun praja Ruslan ingkang sakalangkung anggêgirisi, inggih punika ingkang nama : Tugarin. Ingkang punika piyambakipun rumaos bêntèr manahipun saha tansah anggagas kadospundi anggènipun sagêd anyingkirakên Ilya saking nagari ngriku, utawi anggènipun sagêd adamêl lingsêmipun.

3. Ilya lan Swatogor

Ing rumpakanipun wau Dhobrinya nyariyosakên lêlampahanipun Swatogor ingkang dêdunung wontên ing pucaking rêdi kramat. Ing satunggiling dintên Swatogor nilar rêdi padununganipun prêlu badhe alêlana. Wontên ing margi Swatogor lajêng pinanggih kalihan Mikula anyangking kasang ingkang sakalangkung agêng kasiyatipun. Sang nata tuwin para satriya lan para prajurit kanthi yêktosan anggènipun sami mirêngakên cariyosipun Dhobrinya ingkang kanthi kasêkarakên wau, kadhang-kadhang sok kamirêngan suwaranipun salah satunggiling tamu ingkang ngunjal ambêkan, bokmanawi jalaran saking sakalangkung kapranan manahipun. Sarêng sampun rampung anggènipun Dhobrinya nyalêmpung tuwin têtêmbangan, calêmpung lajêng kaglethakakên saha wicantên makatên :

Miturut cariyosipun para sêpuh, Swatogor wau kablusuk wontên ing êmbêl, sarta botên sagêd uwal ngantos dumugi ing ajalipun. Makatên kaparêngipun ingkang kuwaos ngukum titahipun ingkang sakalangkung kumalungkung.

Bêrmata, satunggiling prajurit sêpuh, ingkang sampun kathah pangalamanipun, gèdhèg-gèdhèg saha awicantên makatên :

Sajatosipun cariyosanipun tiyang ingkang makatên punika, kalintu. Mênggah nyatanipun Swatogor wau sagêd uwal saking siti êmbêl ngriku, saha lajêng wangsul malih dhatêng rêdi padununganipun kanthi isin sangêt. Ngantos samangke Swatogor punika taksih dêdunung wontên ing rêdi kramat wau.

Mirêng cariyosipun Bêrmata ingkaingkang. makatên wau Alyasa katingal bêning polatanipun, awit ing ngriku rumaos manggih rekadaya ingkang kangge nyingkirakên Ilya saking nagari ngriku. Amila piyambakipun lajêng enggal-enggal umatur dhatêng Prabu Wladhimir makatên :

Dhuh sang prabu pêpundhèn kula, kaparênga kawula matur ing ngarsanipun sang prabu. Ing bab cariyos lêlampahanipun Swatogor, salah satunggal tamtu wontên ingkang kalintu. Nanging kadospundi anggènipun badhe sagêd sumêrêp, sintên sajatosipun ingkang kalintu punika, punapa abdi dalêm pun Bêrmata punapa Dhobrinya. Punapa botên langkung utami, saupami sang prabu utusan salah satunggiling satriya minggah dhatêng rêdi kramat supados sagêda nyatakakên, punapa Swatogor wau taksih gêsang utawi sampun pêjah. Mênggahing wawasan kawula, ingkang pantês kautus botên sanès kajawi abdi dalêm têtungguling prajurit enggal, inggih pun Ilya. Dene manawi pun Ilya punika sagêd pêpanggihan kalihan Swatogor, supados kalih-kalihipun sagêda apêrang tandhing, abên kasêktèn. Kados ingkang dados idham-idhamanipun Swatogor sagêda angsal tandhing yuda, amila kados utami sangêt, manawi Ilya lajêng amanggihi piyambakipun wontên ing rêdi padununganipun.

Matur sang prabu makatên wau, Alyasa kalayan nyawang dhatêng Ilya sajak nantang sarta ngerang-erang. Para satriya sadaya, makatên ugi Prabu Wladhimir piyambak, sajatosipun sampun mangrêtos mênggah pikajênginganipunpikajênganipun. Alyasa punika. Inggih punika nêdya masangi Ilya. Manawi Ilya sagah minggah ing rêdi kramat amanggihi Swatogor, botên kenging botên piyambakipun mêsthi tiwas, dene manawi piyambakipun botên sagah, pangaji-ajinipun para satriya tuwin para prajurit dhatêng piyambakipun, têmtu badhe suda kathah. Para prajurit punapadene para abdi dalêm ingkang sajatosipun botên sênêng manahipun, dene Ilya saya kêtêngên dening sang prabu, samangke lajêng sami namatakên dhatêng Ilya. Mênggah Ilya piyambak, ngêmungakên lajêng mèsêm kemawon, ngadêg saking palinggihanipun saha umatur dhatêng sang prabu makatên :

Kaparênga kawula matur dhumatêng sang prabu. Mênggahing pamanggih kawula, aturipun Alyasa punika pancèn inggih lêrês sangêt. Lan kawula anayogyani sangêt, bilih kêdah dipun sumêrêpi kanthi yêktosan punapa Swatogor punika taksih gêsang sarta taksih dêdunung wontên ing rêdi kramat wau. Ingkang punika panuwun kawula dhumatêng sang prabu kaparênga kawula tumuntên pangkat dhatêng rêdi kramat wau prêlu ngupadosi pun Swatogor. Tumraping satriya tuwin prajurit, kados botên utami manawi ngantos kadangon wontên ing griya ngêmungakên sênêng-sênêng tuwin nguja dhatêng hawanapsunipun.

Mirêng aturipun Ilya ingkang kados makatên punika, Prabu Wladhimir sakalangkung rêna panggalihipun, awit ing ngriku nelakakên, bilih Ilya punika mila nyata satugiling satriya sarta prajurit ingkang linangkung.

Kanthi lêganing panggalih sang prabu lajêng adhawuh dhatêng Ilya makatên:

Aturira andadèkake lêganing panggalih ingsun, Ilya. Kanthi rênaning panggalih ingsun paring palilah marang sira, budhala mênyang gunung kramat ngupaya Si Swatogor mau. Nanging sira aja mangkat dhewe, miliha salah sijining satriya kang ana ing ngarsaningsun iki. Kêna ingsun pêsthèkake yèn satriya kang sira pilih iku mêsthi kanthi sênênging ati bakal ngêtutake lakunira.

Badhe kasambêtan.

--- [181] ---

Nomêr 46, Taun II.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, Juru pangripta: Rr. Siti Mariyam. Kawêdalakên sabên Rêbo.

Bab Kamodhèrênan

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 92.

Manawi para wanita ngêcakakên tatacara kilenan punika botên kok ngêmohi utawi kêsupèn dhatêng tatacaranipun piyambak, nanging nêmbe kêsilêp, tatacara kula nêmbe kaling-kalingan, ingkang katingal nêmbe kilènipun kemawon. Upaminipun ulah raga, botên awon wanita bôngsa kula ngudi, nanging wontên watêsipun piyambak ingkang gêgayutan kalihan kasusilanipun bôngsa kula. Pramila manawi wontên ingkang sami kasilêp ing samudana kilenan, kula tiyang sêpuh namung mêmuji kemawon kaparingana emut wangsul dhatêng adat tatacara kajawèn kula.

Golongan wanita mudha punika kêdah kagulawênthah dados ibu sêjati, bab nata balegriya sampun nguciwani, pramila sêsarênganipun kalihan kapintêran sêkolahan ugi langkung prayogi nyumêrêpi bab balegriya.

Dados modhèrên punika botên susah katingal saking jawi, saking badan wadhag, cêkap modhèrên batos kemawon. Kêdah purun nyêpêng punapa-punapa piyambak, kêndêl bandêl, nanging ugi sampun anglirwakakên kawanitanipun, alusing bêbudènipun. Inggih punika ingkang kêdah dipun èngêti dening para wanita mudha ingkang ing têmbe dados ibu sêjati, ingkang drajatipun sagêd ngumbulakên cara gêsang pasrawungan enggal.

Kadosdene ingkang kawêdharakên dening sadhèrèk Landêp, bab priya lan wanita punika sajatosipun sampun kodrat. Wiwit alit lare jalêr èstri punika sami dolan sêsarêngan ngantos dumuginipun sêkolah tansah amor kemawon. Dados jalêr èstri botên wontên bedanipun sêsarêngan dipun wulang dhatêng pamulangan. Manawi sampun wancinipun diwasa, ingkang dipun cakakên, inggih punika kagulawênthah sêsarêngan. Dados botên, ing sarèhning sampun diwasa lajêng priya lan wanita dipun pisah, punika malah botên sae, awit mangke mindhak botên wontên dayanipun. Kadospundi utaminipun manawi para priya lan wanita sagêd nyambut damêl sêsarêngan ngangkah kamajêngan. Ing mangsanipun diwasa

--- [182] ---

punika môngsa mêkar-mêkaring jiwa, dados anggulawênthah satunggal-satunggalipun punika langkung prayogi, sok ugi mangrêtos watês-watêsipun. Têmtu kemawon beda kalihan wanita ingkang wêdalan pamulangan kilenan kalihan ingkang angsal panggulawênthah saking wetanan.

Sadhèrèk S. Wir, botên kirang panuwun kula dene lantaran panjênêngan kula ingkang wontên ing pucuk rêdi sagêd cêkap mangrêtos ing babagan kamodhèrênan. wasana kula tumut mêmuji mugi golongan wanita sagêda anggayuh idham-idhaman dhatêng gêsang modhèrên ingkang kajêngipun gêsang prasaja.

Mbok Ar.

Abon. K. 5355 Traverdoeli

Bab Barang saking Dêling Anaman Sawatawis.

Kula nuwun, para maos sampun kathah ingkang pirsa utawi uninga dhatêng barang dêling anaman ingkang awarni: cêthing, erok-erok, saha kalo, langkung-langkung golongan wanita, botên ngêmungakên pirsa kemawon, malah sampun ngupakara nindakakên kanggenipun. Inggih lêrês barang-barang wau kagolong barang rèmèh, ananging kalêbêt prêlu tumrap tiyang gêgriya, agêng alit anêmtokakên sami migunakakên dhatêng barang-barang wau. Ingkang kula aturakên sakawit bab cêthing, pirantos wadhah sêkul. Sêkul punika sok kawadhahan rapêt utawi mawi tutup, amêsthi ngringêt lajêng dados amèr, sêkulipun mambêt botên eca katêdha. Wasana rumiyin-rumiyinipun, bôngsa kula pribumi kaum tani kolot, têka sampun wontên ingkang anggadhahi anggit damêl cêthing, asli saking dêling anaman, botên mawi tutup. Manawi sêkul punika kawadhahan ing cêthing, kringêting sêkul sagêd tuntas, dados uwabing kukus bablas mêdal botên ngêmbêr, sêkul lêstantun eca sae, namung beda ing suwau bêntèr lajêng dados asrêp limrah.

Lajêng sapunika erok-erok, punika pirantos kangge ngêntas barang têtêdhan gorengan kêkum lisah. Wêkdal ngêntas barang gorengan saking wajan, ngiras kalihan ngêtus lisahipun supados tuntas botên ngêmut lisah, punapa malih barang gorenganipun botên sagêd wangsul kêcêmplung wajan malih. Beda saupami pangêtusipun sarana kailing jalaran pangêntasipun mawi pirantos sanès erok-erok, têmtu ingkang dipun êntas gampil sagêdipun kêcêmplung wajan malih, lisahipun botên atus, garanipun tumut bêntèr tur sagêd ninja lan nimbrah.

[Grafik]

Pêpêthan cêthing lan erok-erok.

Lajêng sapunika kalo, inggih ugi barang dêling anaman malih, pirantos nyantêni (damêl santên). Parudan kalapa dipun toyani ing kalo, dipun pêrêsi rambah-rambah, santênipun sagêd mili mangandhap dhatêng wadhah ampasipun santên sumangsang ing kalo saringan wau botên sagêd katut, tur inggih botên sagêd nimbrah. Beda kalihan saringan kawat, ampasing kalapa salong sagêd katut mangandhap saha inggih taksih asring sagêd nimbrah.

Bok Sastra.

--- 183 ---

Sinjang Gôndasuli.

Sinjang gôndasuli punika garis miring latar cêmêng, wêwangunanipun sairib parangrusak, nanging botên mawi mlinjon, mila botên dados awisan. Sêratan gôndasuli punika golongan sêratan kina.

Mirid namaning sinjang: gôndasuli, punika akajêng ambêt langu. Manawi dipun encokna dhatêng kajêngipun, angèl anggèning ngantukakên, awit ingatasing gônda ingkang langu, punika botên dados pilihaning gônda. Namung wontên mèmpêripun sawatawis, bilih anggèning ngupamèkakên anggônda langu wau, akajêng anggèning damêl wangunan wau anelad sinjang ingkang dados awisan, inggih anggèning nelad wau ingkang dipun upamèkakên anggônda langu, têgêsipun dipun samar-samara, inggih taksih katingal tabêting awisan, inggih tabêting ingkang dipun tiru.

Tumrap raosing bôngsa Jawi, saya tumrap bôngsa Jawi ing Surakarta tuwin Ngayogyakarta ing jaman kina, langkung-langkung ingkang nama abdi dalêm, sami migatosakên sangêt dhatêng sinjang ingkang nama awisan wau. Ing kala jaman sèkêtan taun kêpêngkêr, pundi ingkang botên dipun wênangakên ngangge, inggih botên purun ngangge babarpisan, malah sanadyan sanès sinjang parangrusak pisan, nanging ingkang sampun nama sinjang garis miring, punika ugi sampun dipun sirik. Kala ing jaman samantên, tiyang ngangge sinjang garis miring punika dipun wastani tiyang ugal-ugalan.

Nalika jaman taksih wingitipun awisan wau, tumrap panyawang, manawi nyumêrêpi tiyang ngangge sinjang ingkang parang-parangan, inggih lajêng mangrêtos bilih ingkang ngagêm wau bandara. Tumrap tiyang ingkang botên wênang ngangge, manawi nuju ngangge môngka langkung ing papan ingkang botên kenging kaambah, upaminipun ing alun-alun, saya malih ngambah ing salêbêting baluwarti, punika manawi kasumêrêpan ing abdi dalêm jagi (caos) tiyang ingkang ngangge sinjang wau kenging dipun cêpêng, kapatrapan dhêndha.

[Grafik]

Ewasamantên tatanan ingkang kados makatên wau ugi taksih wontên maklumipun, inggih punika tumrap tiyang ngamônca (pasisir) linêpatakên ing awisan punika.

Sinjang gôndasuli punika golongan sinjang ingkang kêlêm, mila manawi dipun angge prayogi dipun kanthèni pangangge ingkang sarwa kêlêm, ing ngriku lajêng sagêd katingal cêtha barèsipun.

Biyang Sri.

--- 184 ---

Bab Olah-olah

Podhêng soklat

Agêr-agêr 1, gêndhis 8 sendhok dhahar, bubuk soklat 1 sendhok, tigan 6.

Pangolahipun: jênenipun tigan lan gêndhis kaublêk rumiyin ngantos pêthak, dene pêthakipun dipun ublêk piyambak ngantos pêthak, dene pêthakipun dipun ublêk piyambak ngantos pêthak sangêt. Agêr-agêr dipun jur kalihan toya bêntèr 2 cangkir, lajêng dipun saring lan dipun udhêk têrus. Manawi sampun, agêr-agêr dipun cêmplungakên ing panci wadhah tigan lan gêndhis wau, lajêng pêthakipun tigan. Manawi sampun sadaya wau dipun dèkèk ing cithakan podhêng, sarta dipun dèkèk ing lêmantun ès.

Pandhaharipun ngangge panili pla.

Panili pla

Mèlêk 1 litêr, tigan 4, gêndhis 6 sendhok dhahar, panili 1 sendhok tèh, wiski 1 gêlas alit (sloki).

Pangolahipun: jênenipun tigan lan gêndhis dipun ublêk piyambak ingkang ngantos pêthak. Mèlêkipun dipun godhog lan dipun udhêg têrus, lajêng dipun dèkèk ing panci wadhah jênenipun tigan lan gêndhis wau, lajêng panili lan pêthakipun tigan. Manawi sampun sadaya wau dipun kothok ngantos matêng. Dipun paringi wiski 1 sloki, lajêng dipun êntas. Manawi sampun asrêp lajêng kangge dhahar podhêng soklat.

Brosêl

Mêrtega ½ pon, gêndhis 2 mangkok, ingkang 1 mangkok munjung, ingkang 1 mangkok pèrès, glêpung têrigu 5 mangkok, tigan 4. Ingkang 1 sapêthakipun, lan rajangan amandhêl.

Pangolahipun: mêrtega lan gêndhis dipun ublêk ngantos pêthak. Manawi sampun, glêpung lan rajangan amandhêl kalêbêtakên, lajêng jênenipun tigan 3, lan 1 malih sapêthakipun, nuntên kalêbêtakên ing cithakan, têngah dipun paringi panili pla.

Sêpèkuk gulung

Gêndhis ½ pon, mêrtega ½ pon, tigan 15, panili 1 iris.

Pangolahipun : mêrtega lan jênenipun tigan kaublêg ngantos pêthak, lajêng gêndhis kalêbêtakên têrus kaublêk malih. Salajêngipun pêthakipun tigan lan galêpung kalêbêtakên, lajêng dipun dèkèk ing lèngsèr, nuntên dipun pan. Manawi sampun matêng dipun sêmir kalihan sêle, lajêng dipun gulung lan dipun iris-iris.

Badhe kasambêtan.

Surtinah, Gêdhongan, Majakêrta.

--- [1489] ---

Ôngka 95, Stu Lê, 25 Pasa, Ehe 1868, 27 Nopèmbêr 1937, Taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Grija Agêng ing Amiens (Prancis) - Ngèlmi Kabatosan - Kawontênan ing Tiongkok - Unggulipun Manungsa Tumrap Sêsakit Malaria - Angin Agêng - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Gugon tuhon adamêl kapitunan

Kajênging gugon tuhon ingkang damêl kapitunan, punika upaminipun tiyang ajrih dhatêng mêmêdi, pinanggihipun lajêng tuna kabatosanipun, amargi lajêng ngawontênakên kapitadosan, ingkang pikatukipun namung ngalitakên manah.

Môngka sababing ajrih wau manawi dipun salusur taksih pêtêng, trêkadhang sawêg wartos kemawon sampun ajrih, upaminipun wontên tiyang cariyos, ing wit pêlêm punika wontên setanipun. Sarêng mirêng têmbung setan wau, wontênipun namung ajrih. Upami wontêna yêktos, lajêng pun setan wau aganggu damêl punapa. Punika tumrap ingkang ajrih wau dèrèng tamtu sagêd nyababakên.

Nanging tumrap tiyang ingkang ngudi dhatêng babagan kabatosan, kêdah nyingkirakên dhatêng piandêl ingkang kados makatên punika, malah gadhaha rumaos mênang dhatêng ingkang dipun wastani lêlêmbat. Ingkang dipun wastani mênang wau, akajêng gêsang akal bidinipun. Upaminipun kados ing nginggil wau, ucap ing wit pêlêm wontên setanipun, punika purunipun ngandêl kêdah manawi sampun sumêrêp piyambak, tuwin manawi nyata sampun sumêrêp, inggih kêdah mênang wau, awit tiyang punika kacariyos titah ingkang luhur piyambak, punapa inggih badhe kawon kalihan setan.

Manawi sampun sagêd nindakakên ingkang kados makatên wau, nama sampun pitados dhatêng badanipun piyambak, tamtunipun inggih lajêng kêraos, sarèhning ingkang dipun udi punika babagan batos, batosipun inggih kêdah ingkang rêsik, sampun malah anggembol setan.

Saya malih manawi kainggahakên ingkang lèrêg dhatêng kapangeranan, manawi cêthaa, kajênging tiyang punika badhe marêk dhatêng karsaning Pangeran, punapa inggih badhe sagêd cakêt marêkipun manawi tansah wontên ingkang ngaling-alingi.

Sayêktosipun kapitadosan dhatêng babagan ingkang elok, punika tumraping tiyang nama limrah, môngka elok wau inggih bangsaning gugon tuhon, ingkang dayanipun tansah mêpêrakên dhatêng kawêningan. Dene tumraping panyobi, wontên ingkang mastani, padunungan ingkang sêpên, punika adamêl ajrih, kenging kacobi. Punika kenging kemawon, awit tiyangipun ingkang ajrih, manawi ingkang sampun kêndêl inggih botên.

Dados cêtha, pamiyaking gugon tuhon punika kêdah ngrêtos dhatêng kabatosan ingkang lêrês.

Cêkruktruna.

--- 1490 ---

Grija Agêng ing Amiens (Prancis)

[Grafik]

Tumrap ingkang dèrèng patos dhamang dhatêng kawontênan ing Eropah, punika amastani kadosdene dongèng. Ingkang kacêtha ing nginggil punika gambaripun grija ing Amiens (Prancis), para maos kados lajêng sagêd andugi piyambak mênggahing agêng tuwin saenipun.

--- 1491 ---

Raos Jawi

Ngèlmi Kabatosan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 94

Cobi kula pêthikipun sapada kemawon wêwarah ingkang wontên ing Kalatidha.

[Iklan]

Amênangi jaman edan / ewuh aya ing pambudi / arêp edan nora tahan / yèn tan milu anglakoni / boya kaduan melik / kalirên wêkasanipun / dilalah karsa Allah / bêgja-bêgjane kang lali / luwih bêgja kang eling lawan waspada //

Lho, para maos, punapa kawontênan ing jaman samangke punika botên makatên.

Suraosipun Sêrat Jaka Lodhang saya gamblang. Sanadyan pangintên kula para maos inggih sami simpên, malah trêkadhang sampun apal, ewadene ing ngriki kula pêthik saprêlunipun, supados sangsaya sakeca anggèning sami anggalih gandhèngipun kalihan wawasan kula ingkang sapele punika:

Nadyan bisa barênjul / tanpa tawing enggal jugrugipun / kalakone karsaning Hyang wus pinêsthi / yèn ngidak sangkalanipun / sirna tata èsthining wong (1850).

--- 1492 ---

Sasêdyane tanpa dadya / sacipta-cipta tanpolih / kang rêraton-raton rantas / mrih unggul asor pinanggih / bêbêndu gung nêkani / kongas ing kanisthanipun / wong agung nis gungira / sudirèng wirang jrih lalis / ingkang cilik tan tolih ring cilikira //

Wong alim-alim pulasan / putih jaba jêro kuning / ngulama mangsah maksiyat / madat madon minum main / kaji-kaji ambanting / dulban kêthu putih mamprung / wadon nir wadonira / prabawèng salaka rukmi / kabèh-kabèh mung marono tingalira //

Para sudagar ing argya / jroning jaman kênèng sarik / marmaning saisining rat / sangsarane saya mêncit / nir sad èsthining urip (1860) / iku ta sangkalanipun / pantoge nandhang sudra / yèn wus tobat tanpa mosik / sru nalôngsa narima ngandêl ing Suksma //

Wêwarah ing nginggil punika sampun cêtha wela-wela, sok tiyanga mêsthi ngakêni lêrêsipun, jêr sampun sami angalami saha ngraosakên.

Jôngka utawi pamêca Rônggawarsitan ing nginggil punika ing samangke sampun kalampahan sadaya, samangke kula namung kêdah sabar, ngêntosi wirayat ingkang badhe kalampahan, makatên ungêlipun:

Sangkalane maksih nunggal jamanipun / nèng sajroning madya akir / wiku sapta ngèsthi ratu (1877) / ngadil parimarmèng dasih / ing kono karsaning Manon //

Tinêmune wong ngantuk anêmu kêthuk...

Kajawi wêca ingkang kula aturakên ing ngajêng, manawi kula botên kalintu, Sêrat Dêrma Gandhul inggih ngêwrat wêca Jayabayan, ingkang mratelakakên badhe kadadosanipun nagari Kêdhiri.

Anggèn kula mêthiki suraosipun sêrat warni-warni wau, sagêda utawi kenginga kangge pasêksèn, bilih tiyang ingkang sampun gêsang raosipun punika: uninga sadèrèngipun winarah.

Pamarsudi ngèlmi kabatosan punika kala rumiyin, agêng tapa bratanipun, ngantos kawastanan: ngiwakakên kadonyan, nêngênakên akeratan, utawi mêngkêrakên kabêtahaning badan wadhag, ngajêngakên kabêtahaning badan alus.

Kacariyos kalanipun Sang Isaka (Aji Saka) ngupadosi ingkang rama Êmpu Anggajali ngantos dumugi badhe puruhita bab jaya kawijayan dhatêng Sang Hyang Wisnu, lampahipun kanthi kasêktèn, kados limrahipun para dewa. Nanging sarêng dipun pangandikani Sang Hyang Wisnu bilih aji jaya kawijayan punika namung pêpaès, saha kasêktènipun para dewa punika kalêbêt sapele, jêr taksih kasoran kalihan kasucian saha kaluhuraning batos, satêmah Sang Isaka botên tamtu puruhita dhatêng panjênênganipun, nanging lajêng puruhita dhatêng Sang Ngusman Ngaji, raja pandhita ingkang mungkul dhatêng kautamèn, inggih punika putraning gurunipun Sang Hyang Wisnu ingkang nyakabat panjênênganipun Kangjêng Nabi Ngisa Roholah. Sasampuning puruhita kondur dhatêng nagari Surati lumampah dharat, botên karsa mangagêm kasêktèn malih.

Bab punika cocog kalihan wulang dalêm swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping IV wontên sêrat: Wedhatama.

--- 1493 ---

Kêkêraning ngèlmu karang / kêkarangan saka bangsane gaib / iku borèh paminipun / tan rumasuk ing jasad / amung ana sajabane daging kulup / yèn kapêngkok pôncabaya / ubayane balenjani //

Marma ing sabisa-bisa / bêbasane ngungkiha tyas basuki / puruhitaa kang patut....

Dados cêtha sangêt bilih tiyang marsudi ngèlmi kabatosan punika botên kenging ngêndêlakên ngèlmi karang, sêsongaran, pamèr saha adigang adigung adiguna, awit sadaya wau dados wisaning batos, mêjahi utawi nutupi raos kamanungsan.

Ing salêbêtipun jaman kamajêngan punika para marsudi ngèlmi kabatosan inggih tumut majêng, katitik saking:

1. kathahing buku babagan ngèlmi ingkang kasade.

2. kathahing guru ngèlmi bêbasan: kaya jamur tuwuh ing môngsa rêndhêng.

3. kathahing pakêmpalan marsudi ngèlmi kabatosan, saha

4. kathahing tiyang ingkang nglairakên pamanggih bab kabatosan wontên ing dalêm pustakawarti.

Ingkang makatên wau kula têka condhong sangêt, jêr punika satunggaling pangawikan ingkang kangge anggayuh kamulyan saha karaharjan ing donya dumugi ing dêlahan pisan.

[Iklan]

Nanging kadospundi, punapa sampun wontên ingkang gêsang raosipun, wallahu alam. Marsudi gêsanging raos punika angèl, jêr raosing gêsang punika botên wujud.

Badhe kasambêtan

Ki Darmaprawira, Kêpanjèn - Malang.

--- 1494 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Tiongkok

Kawigatosaning paprangan ing Tiongkok, ing sapunika pinanggih wontên ing Nanking, mila ing sapunika ing Nanking langkung dipun santosani, sampun wontên wadya kalih wêlas dhepisi ngalêmpak wontên ing Nanking.

Jêpan ingkang tansah saya ngangsêg dhatêng Nanking dipun adani saking sisih kidul, saha sagêd ngêbroki bètèng-bètèng ing Yangce, dipun sangkani saking Posan, kanthi patrap pangrisak. Ingkang makatên wau tumrapipun Tiongkok namung tansah sumadhia badhe nanggulangi panêmpuhipun Jêpan, saha lajêng sagêd mapanakên wadya ingkang botên gampil tinêmpuh ing mêngsah. Nanging kosok wangsulipun Jêpan ingkang sampun pangawak unggul, pamawasipun dhatêng gêlaring mêngsah saya mindêng, lajêng nginggahakên wadya saking sunglon Hangco ngambah margi-margi ingkang sakalangkung jêblog ngênêr dhatêng Nanking, saha sagêd ngrêbat Kasing, satunggiling papan patêmpukaning margi sêpur sakidul kilèn Syanghai.

Wadya Nanking saya cakêt kalihan mêngsah, saha lajêng sumêrêp bilih Jêpan sagêd ngrêbat Suco. Ing ngriku Nanking kêpêksa mindhah paprentahan dhatêng Sungking. Bêdhahipun Suco punika tumrapipun Jêpan nama satunggiling kabêgjan, saha satunggiling kawigatosan ingatasing tindak badhe nêmpuh Nanking. Mila lampahipun wadya wau botên ajrih èwêd pakèwêd tuwin rêkaosing margi, angkahipun tumuntêna sagêd rampung. Namung wontên awratipun sawatawis, dene wadya Tiongkok ing ngriku wontên 700.000 nêdya rêrêmpon, badhe nglabuhi prajanipun, suka sirna wontên ing paprangan.

Mirid kawontênan ingkang kados makatên punika sêsulakipun sampun katingal bilih kasantosanipun nagari Tiongkok saya mrênding. Saya malih manawi ngèngêti kasangsaraning ngakathah, ngantawisi damêl sudaning kasantosaning paprangan, ing sapunika ing laladan Syanghai wontên tiyang 130.000 sami nganggur dening kecalan padamêlan, sababipun botên sanès jalaran saking wontênipun paprangan punika. Kathah pabrik ingkang sami sirna, pabrik-pabrik ing Yangce Po mèh sirna sadaya.

Makatên ugi ing bab ulah têtanèn, ing laladan Syanghai sami kandhêg sadaya, malah tumrap têlêngipun Syanghai, têtiyangipun sami rêkaos anggèning sagêd angsal têdha.

Kala môngsa punika manawi sawêg dhatêng botên kenging dipun duwa, kados ta ing ngajêng wontên wartos bilih Tiongkok punika angsal pambiyantu sawatawis saking Ruslan, ing sapunika gêgayutanipun Tiongkok kalihan Ruslan wau pinanggih ragi bênggang. Dene wontênipun bagangbênggang. wau, jalaran wontên prajangjianipun Tiongkok tuwin Ruslan ingkang botên gathuk, malah panuntun militèr bôngsa Rus ingkang wontên ing Nanking sampun wangsul dhatêng Ruslan malih. Ing bab punika, Tiongkok ugi sampun nusuli rêmbag, supados prajanjian wau dipun dandosi malih, nanging ing sêmu Ruslan dèrèng nyuwawèni.

--- 1495 ---

Tumraping paprangan punika saya dangu sasaya. katingal kawigatosanipun ing bab babagan praja. Ing sapunika tumrap pamawasaning ahli paprangan, gêgayutanipun kalihan tata panggêsangan, Sansi punika dados satunggiling papan ingkang wigatos sangêt. Ing bab wontêning arêng sela, kapetang ing sadonya ingkang kathah piyambak, gadhah tandhon 127.127 yuta ton. Pamêdalipun badhe tosan ing dalêm sataun wontên 200.000 ton, tosan mêntah 60.000 ton, pamêdal sarêm 600.000 pikul, ing sabên taun. Tumrap têtanènipun, ing sisih lèr punika pinanggih ingkang loh piyambak, inggih punika ing Pènho, kaprênah saêlèr Taiyuwan.

Ingkang punika, saupami Jêpan sagêd ngêbroki Sansi, atêgês sagêd ngrêgêm panguwaos Tiongkok êlèr sadaya. Propènsi Sansi punika kadosdene dados têtamèngipun Hopèi tuwin Kahar, dados manawi Jêpan sagêd ngêbroki ngriku, lajêng gampil sagêd nêmpuh mrika-mriki, tuwin lajêng damêl pakèwêding lampah saking Tiongkok dhatêng Monggoli jawi tuwin dhatêng Ruslan. Mila tumrap Tiongkok, panjaginipun dhatêng Sansi dipun santosani yêktos, sanadyan ngantos tumpês, nêdya dipun rungkêbi. Dene manawi Tiongkok badhe ngrêbat Hopèi tuwin Kahar punapadene Suwiyuan, kêdah migunakakên parêdèn Sansi kangge papan pabarisan. Saking ngriku wadya Tiongkok badhe sagêd mangetan anglangkungi margi ing parêdèn Niyangcèkwan, tuwin mangalèr nglangkungi margi parêdèn Yènmènkuan.

[Iklan]

Mirid kawontênan ingkang kados makatên punika, tamtunipun ingkang sami paprangan inggih sampun mangrêtos dhatêng kawigatosanipun Sansi, inggih sintên ingkang kiyat angênggèni Sansi ingkang badhe unggul juritipun. Ing sêmu Jêpan pancèn ngangkah yêktos sagêdipun ngrêbat papan wau, nanging Tiongkok tansah anjagi, samôngsa wadya Jêpan ngambah ing ngriku lajêng dipun trambul, tuwin samôngsa barisipun Jêpan wau sagêd pêdhot, nama lajêng kêkurung.

Kados makatên gêlaring paprangan ingkang sampun rêrêmpon.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 1275 ing Kêdhungwuni. Wancining pangintun lakar botên ajêg, nanging taksih nunggil dintên.

Lêngganan nomêr 983 ing Malang. Ingkang f 1.50 tumrap 1e kartwal 1938.

--- 1496 ---

Bab Kasarasan

Unggulipun manungsa tumraping sêsakit malaria

Sambêtipun Kajawèn nomêr 94

Dados Commissie inggih lajêng sagêd tumandang kanthi saèstu. Toya ing pabandêngan dipun satakên rumiyin sarana dipun pômpa, sasampunipun sat kantuna namung sakêdhik, êndhutipun dipun damêl radin, ing pinggir pabandêngan dipun damêl kalenan mubêng (ringsloot) ing têngah malang mujur ugi dipun damêlakên kalenan ingkang ragi alit kangge sambêtipun kalenan ing pinggir wau (verbindingsslooten).

Pabandêngan ingkang sampun rêsik lan sampun mawi kalenan wau, lajêng dipun sambêt kalihan sagantên ingkang sawatawis têbih saking ngriku, sarana kalenan ingkang ragi wiyar (verbindingskanaal) supados toya sagantên gampil lumêbêtipun dhatêng pabandêngan lan wêdalipun mili wangsul dhatêng sagantên malih. Antawisipun sagantên kalihan pabandêngan kapara cakêt dhatêng pabandêngan ing kanaal wau, dipun tutup ngangge pintu aèr (sluis) ingkang kenging dipun tutup lan dipun bikak. Samôngsa ing sagantên nuju surut, toya ing pabandêngan kenging dipun sat sapikajêngipun.

Ing têngah-têngah pabandêngan lajêng sagêd sat garing, ganggêng ijêm ingkang kantun ing ngriku kenging bêntèring srêngenge dados garing, dados ajur bubukan, awarni jêne sagêd ical piyambak. Ulam bandêng lajêng sami minggir ing kalenan agêng utawi ing kalenan têngah ingkang taksih wontên toyanipun.

Supados ulam wau botên mêdal ambrosot dhatêng sagantên, ing verbindingskanaal ing panggenan cêlak pintu aèr dipun damêlakên tutup kawat rangrangan (anaman) toya sagêd malêbêt mêdal, nanging ulam botên sagêd.

Ing kalenan ingkang wontên toyanipun, ganggêng ijêm sanajan taksih wontên sawatawis, nanging salêbêtipun sadintên kalih dintên sagêd têlas dipun sarap (têdha) ing ulam-ulam wau.

Yèn sagantên nuju rob, toyanipun sagêd dipun ilèkakên, (kalêbêtakên) ing pabandêngan malih, lan yèn kêbak toyanipun têmtu mumpyar akimplah-kimplah kados ing suwaunipun.

Sanajan ganggêng ijêm katingal sampun rêsik ical, nanging sakêdhik-sakêdhik têmtu taksih wontên dhangkèlipun ingkang sagêd thukul malih.

Nanging manawi sampun rambah-rambah pabandêngan dipun sat lan dipun agêngakên, ganggêng ijêm mêsthi sagêd ical babar pisan.

Yèn ganggêng ijêm wau sampun rêsik saèstu, lêmut inggih botên sagêd nigan ing ngriku. Dados lêmutipun inggih sami minggat, ical.

Sapunika ing pabandêngan prêlu dipun wontênakên lan dipun ajêngakên gêsangipun ganggêng biru ingkang kêlêm ing dhasar pabandêngan wau, supados sagêd nyêkapi kangge têtêdhanipun ulam bandêng ing pabandêngan.

Patrapipun makatên: yèn pabandêngan nuju dipun sat, yèn badhe dipun isèni toya malih, kêdah dipun angkah panggenan ingkang cêthèk, da-

--- 1497 ---

[Iklan]

dos ing têngah-têngah, toyanipun dipun kintên-kintên 20 cm. lêbêtipun, ing ngriku kenging bêntèring srêngenge sagêd andayani thukulipun ganggêng biru ing dhasaring toya, kanthi sae, sagêd angrêmbaka, ing sawatawis dintên ganggêng wau sagêd thukul kathah, ing ngriku ing nginggil toya rêsik, botên wontên punapa-punapanipun.

Pranatan ing nginggil punika sampun katindakakên dening Commissie, nanging kathah-kathahing tiyang, langkung-langkung ing bawah Bêtawi sami botên nyondhongi, malah ngalang-alangi lampahipun padamêlan wau. Sanajan tiyang ingkang gadhah pabandêngan botên kawratên, nanging têtiyang sanèsipun utawi kuli-kuli ingkang nyambut damêl ing ngriku sami mogok botên purun nandangi, amargi ajrih dhatêng têtiyang ing kampung sacêlakipun ngriku, awit pamanggihipun têtiyang ngriku wau ulam bandêng punika limrahipun nêdha lumut ganggêng ingkang kumambang wau, mila têtiyang sami grundêlan wicantên: orang makan nasi, kalau ikan têmtu makan lumut.

Milanipun ganggêng ijêm ingkang kumambang dipun rêsiki, (dipun icali punika), têtiyang sami botên rujuk, dipun kintên badhe mêjahi ulam bandêng ing ngriku.

Sarèhning padamêlan punika botên sagêd tumindak sarana sae, para tuwan-tuwan ingkang angandani kapêksa nandangi piyambak, anggantholi ganggêng, wontên ingkang anjêgur ing pabandêngan damêl rêsikipun toya ingkang dipun kintên badhe dipun ênggèni lêmut nigan.

Salajêngipun pabandêngan lajêng dipun rêsiki malih, inggihj punika manawi kalêrês sagantên surut, Commissie prentah murih ambikak tutup pintu aèr,

--- 1498 ---

prêlunipun toya ing pabandêngan sagêda mêdal mili dhatêng sagantên. Sarêng kapriksa dening Commissie toya ing pabandêngan taksih agung, pintu aèr botên dipun bikak, kuli-kuli utawi mandhoripun ajrih, botên purun ambikak pintu aèr wau. Pancèn têtiyang ingkang jagi botên wontên, sami kesah utawi ngesahi, dados tuwan-tuwan wau sami kapêksa ambikak piyambak.

Sarêng pranatan wau sampun katindakakên sawatawis wulan, tiyang ingkang gadhah pabandêngan utawi têtiyang ing kampung ngriku sami nyipati bilih ulam bandêng botên suda lêmanipun, utawi botên wontên ingkang pêjah, sawêg sami mangrêtos, yèn pranatan punika botên damêl kapitunanipun, malah ulamipun sami lêma-lêma lan agêng-agêng, têtiyang lajêng sami purun ambiyantu padamêlan ing pabandêngan wau.

Sapunika sampun kathah pabandêngan ing Bêtawi Sêmarang utawi ing sanès panggenan, malah sampun kadhawuhakên ing pundi-pundi panggenan ingkang wontên pabandêngan kêdah rêsik botên kenging wontên ganggêngipun ingkang ijêm kumambang ing toya.

Ing pabandêngan satunggal kalih ing pinggir ingkang taksih kaclopan toya ing êlènging yuyu ingkang sampun dipun tilar, utawi ingkang rungkut-rungkut, lêmut sok purun manggèn nigan ing ngriku, dados ugêt-ugêt, nanging samôngsa konangan dening ulam mêngsahipun (ulam kadha) sanalika dipun caploki ngantos ugêt-ugêt wau sagêd têlas utawi ical (sirna).

Kajawi ingkang kasêbut ing nginggil lêmut malaria ugi sagêd nigan dados ugêt-ugêt ing pundi-pundi panggenan ingkang rungkut lan pêtêng, ing jêmbêg-jêmbêg, ing kalenan ingkang toyanipun kèndêl botên mili, utawi ing panggenan sanèsipun ingkang sakêdhik-sakêdhik wontên toyanipun, ing pot-potan, blèk sardhèn, blèg susu ingkang dipun bucal ing plataran kajawahan lajêng wontên toyanipun jawah sakêdhik, ing pêcêrèn toya saking sumur utawi pawon ingkang mambêg ing ngriku, punika kangge ênggèn nigan lêmut malaria.

Supados lêmut botên purun manggèn utawi nigan, ing panggenan ingkang rungkut, dipun rêsiki dipun babadi, kêkajênganipun prayogi katutuhan, ing panggenan toya ingkang kèndêl dipun siram lisah patra, toya pacêrèn dipun satakên utawi dipun urug, ugêt-ugêtipun lajêng dipun pêjah.

Dene manawi panggenan toya kèndêl ingkang kangge nigan lêmut wau wiyar sangêt kados ta ing rawa-rawa, ing tambak pabandêngan kasêbut ing nginggil, punika upami badhe kaêsatakên utawi dipun urug botên sakêdhik ragadipun, mila ingkang ngadani inggih kêdah nagari.

Wasana wosing andharan punika nelakakên bilih ungguling tiyang, dhoktêr utawi Ingenieur kasinungan sagêd ngicali tuking wisa sêsakit malaria.

R. Sumadirja, Ind. Arts. Sêmarang.

--- 1499 ---

Angin Agêng

Ing wêkdal punika, miturut wartos, ing pundi-pundi wontên angin agêng ingkang damêl karisakan, kados ta ing Pilipinah tuwin tanah ngamônca sanèsipun. Manawi ing tanah Jawi, ingkang kêtênggêl ing Jawi Têngah tuwin ing Jawi Wetan, karisakanipun kapetang kathah tuwin kapitunanipun agêng.

[Iklan]

Ing bawah Klathèn kathah griya ingkang sami ambruk, ngantos atusan, los-los sata kathah ingkang mowat-mawut. Makatên ugi ing bawah Ngayogyakarta, ugi katrajang prahara wau ingkang adamêl karisakan.

Manawi miturut petanging môngsa, pancèn kalêbêt nuju môngsa angin, saya tumrap kawontênan ing lautan, manawi nuju môngsa makatên punika kawontênanipun namung sarwa nyamari, ombaking sagantên mawalikan kados dipun kêbur, mêndhung andhêdhêt pêtêng mawa angin gumrubug, kados kuwawi angrungkatakên rêdi.

Angin agêng ingkang pinanggih ing tanah Jawi, ingkang nama ajêg, punika tumrap Cirêbon dipun wastani angin kombang, tumrap Prabalingga dipun wastani angin gêndhing. Nanging agênging angin kombang tuwin angin gêndhing wau botên adamêl karisakan kados angin ingkang dipun wastani prahara.

Ingkang dipun wastani angin agêng ing lautan, punika ingkang pinanggih agêng piyambak wontên ing lautan Cina, dipun wastani Taipun. Ing kalanipun angin punika nêmpuh wontênipun namung pêtêng andhêdhêt, kapal ingkang agêng-agêng sagêd kabuncang kados tanpa wontên kêkiyatanipun, mila tumrap nangkodaning kapal, ing kalaning nuju môngsa angin agêng kêdah mulat tuwin tansah mawas dhatêng pandom, kêdah sagêd ngoncati utawi nyingkiri dhatêng lampahing angin.

Tumrapipun ing tanah Jawi, cocoging môngsa limrahipun sami ngangge pranata môngsa ingkang sampun kêlimrah, pranata môngsa wau ingkang dipun ênut ing para among tani. Ing wulan Siyam utawi wulan Nopèmbêr punika (wiwit tanggal 6 Siyam utawi 9 Nopèmbêr) sampun wiwit ngancik môngsa kanêm, nêdhêng-nêdhêngipun môngsa wowohan, wancinipun tiyang anggarap sabin, awit jawahipun sampun wiwit dhawah kala ing môngsa gangsal.

Nanging manawi mirid gêgayutanipun kalihan môngsa wuku [wu...]

--- 1500 ---

[...ku] wontên gèsèhipun sakêdhik, tampining môngsa kanêm wontên ing dintên Anggara Kasih tanggal 13 Siyam utawi 16 Nopèmbêr. Miturut pèngêtan, môngsa kanêm (wuku) manawi jawah anglangkungi dêrêsipun, yèn têrang kados têranging môngsa katiga, têgêsipun môngsa kanêm punika mawi bêthatan, toyaning lèpèn panggêng, malah ragi suda sakêdhik, nanging kathah panggêngipun.

[Grafik]

Los sata ing Prambanan, Klathèn, ingkang ambruk katrajang ing prahara.

Miturut petangan pranata môngsa tuwin wuku, punika tansah ingsat-ingsêtan, kajêngipun ragi gèsèh, nanging ugi wontên kalamangsanipun tumbuk. Upaminipun kala ing taun Jimawal 1861, wulanipun Siyam kêwêngku ing pranata môngsa kapitu tuwin kawolu. Nanging tumraping môngsa wuku winêngku ing môngsa kanêm tuwin kapitu.

Nanging tumraping taun punika kenging dipun wastani tumbuk, sami ngambah kalima tuwin kanêm, namung gèsèh tumapakipun pranata môngsa, kanêmipun wontên ing tanggal 6 Siyam, dene tumapakipun môngsa wuku, kanêmipun wontên tanggal 13, dados namung gèsèh 7 dintên.

Manawi miturut petanging môngsa wuku, benjing wulan Dulkangidah tanggal 23 tumapaking môngsa kawolu, ing ngriku pranatanipun môngsa ugi ngambah kawolu.

Saking gotèkipun têtiyang ingkang ahli nitèni, môngsa kawolu ingkang nuju gathuk makatên punika mirah jawah.

Têmên utawi botênipun namung sumôngga.

[Grafik]

Los sata ugi ing Prambanan ingkang katêmpuh ing prahara.

--- 1501 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Pabrik mêrtega tuwin kèju. Burgerlijke Veeartsenijkundige Dienst mêntas ngangkat ambtenaar ahli kangge ngêdêgakên panggaotan damêl mêrtega tuwin kèju, manggèn ing Bandhung. Wontênipun ingriku kapilih, awit ing Bandhung kapetang ingkang kathah piyambak pamêdalipun susu tuwin kathah tirahanipun. Sarèhning padamêlan wau nama sawêg wiwitan, pêrlu sangêt angsal wawasanipun para ahli ing bab pandamêlipun. Saupami kasêmbadan, pamêdaling mêrtega tuwin kèju ing tanah ngriki punika tamtu badhe ngêjori dhatênging barang wau saking tanah ngamônca. Ambtenaar ingkang dipun piji ing parentah wau Tuwan J. Wester, ingkang sampun nindakakên babagan pandamêling mêrtega tuwin kèju wontên ing nagari Walandi tuwin nagari sanès-sanèsipun.

Bab sarêm Madura. Ingajêng kawartosakên, bilih Jêpan tumbas sarêm dhatêng tanah ngriki 150.000 ton. Miturut wartos, ingkang badhe ngangkat sarêm wau kapal Jêpan gadhahanipun Mitsui Busan Kaisha. Sarêm wau badhe kakintunakên wontên ing wêkasaning wulan December ngajêng punika tuwin salajêngipun tumindak ing salêbêtipun kwartal kapisan. Ingkang punika nagari badhe ambikak papan pasarêman malih ing Grêsik tuwin Pamêkasan, wontên wiwitaning taun 1938.

Nyirnakakên sêsakit trachoom. Ing laladan Cirêbon, kathah têtiyang ingkang sami nandhang sêsakit trachoom. Murid-murid ing pamulangan ondêr dhistrik Losari wontên ingkang sakit 50%. Ing bab punika lajêng wontên papriksan ingkang dipun tindakakên dening Prof. A.W. Mulock Houwer tuwin Dr. De Wolff, kanthi pambiyantuning pangagêng nagari ingriku. Salajêngipun sampun kalampahan mriksa sêsakit wau wiwit saking bawah dhistrik Cilêdhuk, sabên sêkolahan dipun dhatêngi ing dhoktêr tuwin mantri verpleger. Griya sakit regentschap ing Walêd kasadhiyakakên kangge mriksa tuwin suka jampi lêlahanan. Sasampunipun lajêng badhe dhatêng bawah Indramayu.

Jalaraning kasumêrêpanipun Pakêmpalan Garudha. Sampun dangu pulisi pados katrangan ing bab wontênipun Pakêmpalan Garudha ingkang pinanggih wontên ing laladan Cirêbon. Ingriku wontên lêlampahan satunggiling warga Garudha badhe mêndhêt bojo warandha ing dhusun Suranenggalalor, nanging warandha wau botên purun. Wusana warandha wau dipun pêndhêt ing tiyang sanès ingkang lajêng andadosakên muring-muringipun warga Garudha wau, lajêng nyaraya dhatêng para warganipun mêngsah dhatêng tiyang ingkang mêndhêt wau, kêlampahan tiyang ingkang mêndhêt warandha wau dipun pisakit ngantos nandhang tatu saha malêbêt dhatêng griya sakit. Kala tiyang wau dipun pisakit, warandha ingkang dipun pêndhêt sumêrêp dhatêng ingkang misakit, ingriku lajêng dipun murinani ing mitra-mitranipun. Salajêngipun lajêng dados mêmêngsahan, wusana lajêng kasumêrêpan sajatining Pakêmpalan Garudha dening pulisi.

Ramèn-ramèn jalaran dipun potrèt. Ing pabrik tênun Wiropatèn, Surakarta, mêntas wontên tindak anggambari para punggawanipun. Ingriku sarêng para punggawa jalêr badhe dipun gambar sami botên purun. Sarêng pinanggih kados makatên, pangagênging pabrik ngriku cariyos, manawi sami botên purun dipun gambar, sami botên angsal nyambutdamêl malih. Enjingipun wontên punggawa ingriku cacah 150 sami botên malêbêt dhatêng padamêlan. Punapa ingkang andadosakên sababipun têtiyang wau sami botên purun dipun potrèt, dèrèng kasumêrêpan.

[Iklan]

Prahara ing Magêtan. Ing Magêtan mêntas wontên prahara ingkang damêl ambruking griya 200. Wontên tiyang ingkang tiwas 1, kêtaton sangêt 20 tuwin kêtaton mayar pintên-pintên dasa.

Beheerder tuwin schatter pagantosan kadakwa ngêmori kadurjanan. Beheerder tuwin schatter ing pagantosan Mayong, Kudus, kadakwa angêmori prakawis kadurjanan ingkang pinanggih wontên ing griya pagantosan wau. Ing sakawit ingkang kadakwa namung juru jagi. Ing bab kalêpatanipun Beheerder tuwin schatter wau dèrèng wontên tandhayêktinipun, nanging kathah sabab-sabab ingkang gêgayutan.

Conservenfabriek ing Banyuwangi. Ingajêng sampun nate kawartosakên bilih ing Banyuwangi badhe kawontênakên cobèn-cobèn ngêdêgakên Conservenfabriek, kangge nglêbêtakên ulam wontên salêbêting blèg. Ing sapunika sêdya wau kasêmbadan, pinanggihipun botên nguciwani. Nanging pabrik wau manggèn wontên sanginggiling toya. Kajawi ing Banyuwangi ugi badhe kawontênakên malih ing Bawean. Sagêd ugi pabrik punika kadadosakên satunggal, amargi wontênipun ulam sagantên ingriku wancinipun sarêng.

Malaria ing Brêbês. Ingajêng sampun nate kawartosakên ing bab wontênipun sêsakit malaria ing dhusun Pulo Lampes, Brêbês. Miturut wartos ingkang kantun, ingriku punika jiwanipun wontên tiyang 900, ingkang saking 600. Nanging sarêng wontên pitulungan jampi kenine, lajêng kathah ingkang suda sakitipun tuwin saras. Anèhipun, tuking malaria punika aslinipun saking salêbêting baita-baita ingkang nuju nganggur botên dipun angge. Sarêng kapriksa, nyata lêmut ingkang pinanggih ing salêbêtipun baita wau lêmut malaria, nanging kapetang sanès bangsanipun ingkang ambêbayani. Rekadayanipun ing sapunika namung ngudi murih ing baita sampun ngantos wontên toyanipun ingkang tumandho. Panggenan malaria sanèsipun pinanggih wontên ing papan paguyangan maesa. Kawontênanipun sesakit malaria ingriku langkung dipun wigatosakên dening ingkang wajib, sanès dintên badhe dipun dhatêngi dhoktêr prêlu nitipriksa supados sêsakit ingriku punika tumuntên sirna.

Wêwakil pèrs sami badhe dhatêng Lampung. Benjing tanggal 13 dumugi tanggal 15 December ngajêng punika, para wakiling ariwati Walandi ing Bêtawi tuwin Aneta badhe darmawisata dhatêng tanah paboyongan ing Gedongtataan, Sokadana tuwin sanès-sanèsipun, pêrlu badhe nyumêrêpi kawontênanipun ingriku. Bab punika Departement Pangrèhpraja badhe ambiyantu sapêrlunipun.

--- 1502 ---

Padagangan gêrèh ing tanah ngriki. Padatan ingkang sampun, ing tanah ngriki kathah sangêt gêrèh ingkang kadhatêngakên saking nagari Siam. Nanging ing sapunika suda, dene sudanipun wau jalaran saking lêbêtipun dhatêng tanah ngriki dipun watêsi, kajawi punika ugi jalaran saking kiranging pamisayan ulam. Ing sapunika, jalaran saking tumindaking damêl gêgayutan kalihan Instituut voor Zeevischerij, kathah kamajênganipun babagan ulam. Kajawi punika ing Jawi-Wetan wontên gêrèh nama gêrèh layang, aslinipun saking sakilèn pulo Madura, sampun sairib kemawon kalihan gêrèh saking Siam. Saha kêlampahan sampun sagêd ngintunakên gêrèh wau dhatêng Cirêbon tuwin Tanjung Priok, Bêtawi 400.000 kg. Manawi mirid wontênipun gêrèh ingkang kadhatêngakên saking nagari Siam, padagangan wau pinanggih agêng sangêt, kenging dipun wastani dados têdha baku tumraping rakyat, kala ing taun 1936 lêbêting gêrèh saking Siam wontên 35.000.000 kg.

Papan anggêgana ing Kêmayoran. Pangagênging Afdeeling Landsgebouwen ing Departement van Verkeer en Waterstaat sampun ngladosakên rancangan ing bab badhe pandamêling papan anggêgana ing Kêmayoran, Bêtawi, dhatêng parentah. Rancangan wau sampun dipun parêngakên. Kintên-kintên lajêng kawontênakên tindak lelang borongan ing bab pandamêlipun papan anggêgana wau.

Jampi-jampi tigang warni ingkang kêdah kacêgah. Dèrèng dangu mêntas wontên jampi kenine palsu, ingkang lajêng dados papriksan. Ing salajêngipun ingkang wajib badhe ngudi murih tumindaking panyade kenine ècèran dipun titi saèstu, saha ngudi murih sagêd nyêpêng pabrik ingkang damêl kenine palsu wau, makatên ugi supados ngawisi lêbêting kêmbang gula ingkang sairib tablet kenine. Ing bab jampi cacing punika tumrap ingkang dipun sade ing pêkên-pêkên, kathah ingkang pinanggih kirang jantunipun jampi cacing. Ingajêng jantu wau rêginipun awis sangêt, ing dalêm 1 kilo ngantos f 1600.- nanging ing sapunika namung rêgi f 150.-. Lisah pêthak ingkang kasade ing wande-wande pinanggih sami dipun wori lisah pèt utawi bènsin, punika sagêd anjalari risaking kulit ingkang alus, lajêng botên tahan. Sadaya wau wajib dipun cêgah.

Badhe tumbas villa Isola. Wontên wartos, Tuwan Auw Boen Hauw, ingkang anggadhahi pabrik lisah cap Macan, ing sapunika nuju wontên tanah Jawi. tuwan wau kawartos gadhah sêdya badhe tumbas villa Isola ingkang rumiyin gadhahanipun Tuwan Berretty.

Prahara ing Paron. Ing Paron, Ngawi, mêntas wontên prahara adamêl êsoling kêkajêngan agêng ing sapinggiring margi saking Madiun dhatêng Ngawi, ngantos adamêl tutuping margi 12 jam. Kathah wit-witan ingkang ambruk tuwin griya sawatawis.

Gajah aganggu damêl. Kêbon-kêbon ing Bêngkulèn, Lampung tuwin Palembang, kathah ingkang dipun risak dening gajah. Ingriku lajêng kawontênakên tindak ambujêng gajah wau, nanging dhatênging ingriku sampun kasèp.

Kabupatèn enggal. Sampun nate kawartosakên bilih kabupatèn Surabaya ingkang rumiyin kapindhah dhatêng Grisik, sapunika pindhah dhatêng Surabaya malih. Ing sapunika ing Surabaya ambêtahakên griya kabupatèn. Miturut rêmbag, badhe damêl gêdhong wontên ing Genteng Kali, waragadipun sampun sadhiya.

Pamulangan luhur Dhoktêr. Lulus artsexamen perangan kapisan, Tuwan S.S.W. Soenarto tuwin Tuwan Moechamad Hamzah.

Rêdi Krakatau amblêdhos malih. Miturut wartos, rêdi Krakatau mêntas ngawontênakên blêdhosan ingkang inggilipun 500 m. mblêdhosipun sabên lêt 10 mênit.

Pamulangan luhur Pangadilan. Lulus doctoraal-examen perangan katiga, Tuwan Tan Po Goan.

Dhatêng pabrik tênun. Miturut wartos Aneta saking Enschede, R.A.A. Soejono, tilas Gedelegeerde Volksraad tuwin R.M. Margono, Inspecteur Volkscredietwezen sampun sami rawuh ing pabrik tênun ing Enschede.

Ril sambungan enggal. Para Ingênieur S.S. mêntas ngawontênakên parêpatan, saha lajêng papriksa dhatêng bèngkèl S.S. ing Gubêng Surabaya, pêrlu mriksa ing bab tumindaking damêl nyambung ril. Ril ingkang dipun sambung wau badhe dipun cobi wontên ing antawising Kêrtosono kalihan Blitar. Panjanging ril ingkang dipun sambung wau ngantos 50 m. rumiyinipun namung 7 dumugi 10 m. Tindak cobèn-cobèn punika tumrap tanah Jawi sawêg sapisan punika, namung tumrap Eropa sampun dangu sangêt.

Nonah-nonah saking Australie. Kawartosakên, benjing tanggal 9 Januari badhe wontên nonah-nonah saking Australie cacah 45 sami dhatêng tanah Jawi. Nonah-nonah wau saking satunggiling pakêmpalan ingkang kala-kala nindakakên lampah lêlana pêrlu kangge njêmbarakên wawasan.

Dhatêngipun motor mabur ingkang kaping 500 ing Bêtawi. Motor mabur saking nagari Walandi dhatêng tanah ngriki ingkang kaping 500, kalampahan sampun dumugi ing Cililitan, kala tanggal 19 wulan punika jam 11 siyang. Kathah ingkang sami mêrlokakên dhatêng ing papan anggêgana, pangagêng post tuwin pangagêng pangrèh praja ing Mr. Cornèlis ambagèkakên wilujêng. Botên dangu motor mabur ingkang nêmbe dhatêng, nama Torenvalk lajêng anggêgana dhatêng Bandhung. Amplop ingkang kawêdalakên dening K.L.M. pêrlu kangge pèngêtan anggêgana ingkang kaping 500 punika pajêng 14.000

NAGARI WALANDI

Van Starkenborgh-kanaal. Miturut wartos, susukan saking Groningên dumugi ijllselmeer sampun wontên ingkang rampung, susukan wau badhe dipun namakakên Van Starkenborgh-kanaal, pêrlu kangge mèngêti dhatêng lêlabêtanipun Gupêrnur Jendral ing Indiya tuwin lêlabêtanipun ingkang rama.

EROPA

Ebah-ebahan wados ing Prancis. Para wajib ing Paris mêntas nindakakên gledhah satunggiling griya ing Rue Ribera, manggihakên bom pintên-pintên kanthi sumêdan lestrik, tuwin granaat 100 iji kasimpên wontên ing griya perangan ngandhap. Ebah-ebahan punika kakintên kathah pang-pangipun, nanging taksih sarwa samar. Salajêngipun wontên griya 450 kagledhah, kathah obat mimis, sanjata, sanjata mêsin tuwin sanès-sanèsipun ingkang pinanggih. Papan ingkang kangge ngrimat wau mawi kori wados. Kajawi punika lajêng kasumêrêpan kathah kintunan wartos radhio pêtêng, sadaya wau sarwa damêl kasamaran.

Prakawis rajapêjah ingkang gêgayutan kalihan sedanipun Nata Yugoslavie. Kawartosakên, pulisi wados Prancis mêntas nyêpêng tiyang bagsa Hongaar wontên station Valenciennes, nama Koloman Budai, umur 40 taun, tilas advocaat tuwin ugi dados jurnalis. Tiyang ingkang dipun cêpêng wau kadakwa ngêmori damêl ing bab rajapêjah ingkang gêgayutan kalihan sedanipun Nata Yugoslavie Prabu Alexandêr tuwin Ministêr Barthou ing Marseille kala taun 1934. Kajawi punika Budai kakintên ingkang nyidra utusan Hongariye kala taun 1935, malah dipun akêni piyambak kanthi kintun sêrat dhatêng pangagêng Hongariye. Nalika dipun gledhah, ing badanipun pinanggih wontên sêratipun pas warni-warni 34 iji.

--- 1503 ---

Wêwaosan

III. Lêlampahanipun Ilya

29

Ilya nyawang dhatêng kawontênan ing salêbêting bangsal ingkang agêng punika, manah sakêdhap, saha lajêng anyakêti Dhobrinya, sarta apitakèn makatên:

Panjênêngan punapa krêsa sêsarêngan kalihan kula ngupadosi Swatogor.

Dhobrinya sakalangkung bingah, dene piyambakipun ingkang dipun pilih dening Ilya supados angancani lampahipun. Amila kanthi lêganing manah Dhobrinya lajêng amangsuli:

Matur nuwun, sadhèrèk Ilya, dene panjênêngan sampun andumuk dhatêng kula minôngka dados kanthi panjênêngan ngupadosi Swatogor. Sampun tamtu pangajak panjênêngan punika kula tampi kanthi bingahing manah.

Ilya cariyos malih: manawi panjênêngan sampun sagah, kados langkung utami manawi lajêng tumuntên bidhal. Panjênêngan samangke kula aturi kondur rumiyin supados cawis-cawis anggènipun badhe bidhal. Ing mangke kula kêkalih sami dhatêng ara-ara Lepanidho rumiyin. Lan wontên ing sangandhapipun kris Lepanidho ngriku, kula kêkalih sami lintonan kris tôndha agami, ingkang anjalari kula kêkalih dados sadhèrèk ingkang supêkêt mawi adhêdhasar agami. Lan bidhalipun inggih saking ngriku punika. Mugi-mugi Ingkang Kuwaos maringana barkah, sagêda kula kêkalih anindakakên dhawuhipun Sang Prabu Wladhimir, minggah dhatêng rêdi kramat ngantos sagêdipun pêpanggihan kalihan Swatogor.

Salêbêtipun satriya kêkalih rêrêmbagan makatên wau, Alyasa namung tansah angawasakên sajak nantang tuwin ngewani. Nanging kalih-kalihipun botên mrêduli babarpisan dhatêng satriya anak pangagênging agami wau. Salajêngipun Ilya tuwin Dhobrinya nyuwun madal pasilan dhatêng sang prabu saha sang pramèswari, tuwin apamitan dhatêng para tamu sanès-sanèsipun.

Pawartos badhe bidhalipun satriya kêkalih angupadosi Swatogor wau, sakêdhap kemawon sampun sumêbar ing saindênging kitha Kiyèf, ingkang punika amila lajêng kathah têtiyang, ênèm sêpuh, ingkang sami kêpèngin sumêrêp sarta kêpengin suka wilujêng dhatêng satriya kêkalih wau, sarta nêdya amêmuji mugi-mugi anggènipun badhe anglabuhi praja punika sagêda kalampahan kanthi wilujêng. Botên antawis dangu ing sangajêngipun gapuraning kitha, cacahing tiyang jalêr èstri punapadene lare-lare, prasaksat botên kenging kapiyak, saking kathahipun, wontên ing ngriku têtiyang wau botên sabar anggènipun sami angêntosi dhatêngipun satriya kêkalih punika. Nanging botên dangu malih, Ilya tuwin Dhobrinya katingal sami dhatêng, kalih-kalihipun sami mangangge prajuritan, inggih punika: sadaya-sadaya sarwa waja. Têtiyang samantên kathahipun wau, sadaya sampun sami mirêng, bilih satriya ingkang satunggal, kacêluk namanipun jalaran saking anggènipun amêjahi Naga Gurindayêksa, ingkang sakalangkung ambêbayani, tuwin saking anggènipun sagêd angluwari Dèwi Pujatisna saking panguwasaning naga wau. Dene satriya satunggalipun malih, kaloka namanipun jalaran saking anggènipun sagêd angluwari praja Ruslan saking pangridhunipun sang misuwur begal Solowe, ingkang tigang dasa taun laminipun tansah angganggu damêl katêntrêmaning margi ingkang anjog dhatêng Kiyèp Têtiyang ingkang sami ningali dhatêng satriya kêkalih wau sami bêbisikan makatên:

Satriya loro iki padha prajurit kang sêkti dhewe ing saindênging nagara Ruslan kene. Sakubênging jagad kira-kirane ora ana kang samono lêlabuhane nyang nagarane kayadene lêlabuhane satriya loro iki. Mêngkono uga saindênging bawana kira-kira iya ora ana satriya sing kadibyane ngungkuli karo satriya loro iki.

Sarêng Ilya tuwin Dhobrinya dumugi sangajêngipun tiyang kathah wau, sadaya tiyang lajêng sami ambikak topinipun sarta andhingklukakên badanipun ngantos andhap sangêt. Para biyung sami anjunjung anak-anakipun supados samia sagêd sumêrêp wujudipun satriya kêkalih wau. Dene lare-lare kathah ingkang sami mènèk wontên ing tembok utawi ing wit-witan murih sagêda ningali cêtha lan ngêtutakên mripatipun dhatêng lampahipun satriya kalih wau, ngantos botên katingal malih. Tanpa ngucap lampahipun satriya kêkalih anglangkungi sakathahing tiyang ingkang sami suka urmat wau, tuwin anglangkungi para prajurit ingkang sami jagi ing gapura ngriku.

Kadosdene ingkang sampun kacariyosakên ing ngajêng, ingkang kajujug rumiyin dening satriya kêkalih punika ing ara-ara Lepanidho. [Lepani...]

--- 1504 ---

[...dho.] Mênggah sajatosipun ing ngriku punika wontên papan sukci ingkang sampun kramat, sarta ingkang dados jujuganipun para ngulama saking pundi-pundi. Sarêng dumugi ing papan ngriku, satriya kêkalih lajêng sami mêkak kapalipun, nanging botên mandhap. Salajêngipun kalih-kalihipun lajêng nuntên sami rêrangkulan tuwin aras-ingarasan ngantos rambah kaping tiga. Sasampunipun makatên, tiyang kêkalih wau lajêng sami linton kris tôndha tiyang agami, sarta lajêng sami aprasêtya ingkang salajêngipun nêdya sami tulung-tinulungan ngantos dumugi ing pêjah, kanthi tindak ingkang makatên wau, satriya kêkalih punika lajêng sami dados sadhèrèk miturut dhêdhasaring agaminipun.

Sarampungipun nindakakên upacara ingkang makatên wau, satriya kêkalih nuntên anglajêngakên lampahipun tumuju dhatêng rêdi kramat papan padununganipun Swatogor kasêbut ing nginggil. Lampahipun anglangkungi têgalan tuwin ara-ara, nglêbêt wana gung ingkang botên kenging kaambah, amila kadhang-kadhang kapêksa kêdah migunakakên dêdamêlipun amrih sagêdipun pinanggih margi, salajêngipun kêdah minggah rêdi tuwin anyabrang ing lèpèn, sarta mêdal ing papan ingkang nyêngkrèk sangêt. Sarêng lampahipun kirang langkung sampun saminggu, satriya kêkalih wau ujug-ujug sumêrêp tapaking kapal ing siti lêmpung. Salajêngipun Ilya nuntên cariyos dhatêng Dhobrinya cara sadhèrèk sami sadhèrèk, kanthi ngoko-ngokonan, makatên:

He, adhiku Dhobrinya, mêsthine kowe rak iya wêruh tapak iki. Aku bisa anêrangake anane tapak kiyi. Yaiku tapaking jaran kang ditunggangi satriya saka môncanagara. Nèk nitik tapake, satriya iki nêdya lunga nyang nagarane dhewe. Lan ing sêmu kaya anduwèni sêdya kang ora bêcik. Aku ora bisa mêdhot kang dadi lakuku prêlu nututi lakune satriya kiyi sarta sabanjure mêksa nyang satriya iki supaya enggal-enggal ninggal praja Ruslan. Mulane bêcik tak pasrahake nyang kowe bae. Satriya iki enggal-enggal tututana, lan tantangên apêrang tandhing ijèn padha ijèn. Supaya dhèwèke wêruh, yèn ing praja Ruslan kuwi tansah kajaga kêncêng, lan tumrape satriya saka ing môncanagara kang sêdya duwe karêp ala, mokal bisane lumêbu ing praja tanpa kadêngangan. Wis tumuli pangkata, adhi, aku tak ambanjurake lakuku mênyang gunung kramat. Saikine padha andum slamêt bae, lan muga-muga bisaa katêmu manèh ana ing Kiyèf.

Satriya kêkalih wau lajêng sami pamitan, lan lampahipun lajêng sami sêsowangan, inggih punika: Ilya anglajêngakên lampahipun dhatêng rêdi kramat, dene Dhobrinya ngêtutakên dhatêng tapaking kapal ingkang kintên dipun tumpaki dening satriya saking môncanagari wau.

Kacariyos lampahipun Ilya, sanadyan sampun sawatawis minggu anggènipun nilar Kiyèf, nanging Ilya dèrèng sapisan-pisana pinanggih kalihan tiyang, awit ingkang dipun ambah wau ngêmungakên papan ingkang botên kenging dipun ênggèni ing tiyang tuwin kewan. Punapa ingkang katingal, ngantos pintên-pintên pal têbihipun, ngêmungakên papan ingkang sakalangkung sêpên, kadosdene botên wontên ingkang ngambah. Kadhang-kadhang sok lajêng wontên sato galak ingkang ngangapakên cangkêmipun ujug-ujug anêmpuh dhatêng kapal ingkang dipun tumpaki dening Ilya. Nanging kewan wau dèrèng ngantos sagêd ngêmpakakên siyungipun dhatêng kapalipun, ujug-ujug sampun dhawah pêjah kadhawahan dening towokipun sang Ilya. Lampahipun Ilya tansah lajêng kewon,kemawon. lan ngêmungakên ing wanci dalu manawi badhe ngaso tilêm, Ilya mandhap saking kapalipun.

Sarêng lampahipun sampun jangkêp nêm minggu, Ilya sampun dumugi ing rêdi kramat, mênggah ingkang dipun wastani rêdi kramat wau sajatosipun kêmpalaning rêdi pintên-pintên ingkang pucak-pucakipun prasaksat sundhul langit saking inggilipun. Ngantos sawatawis dangu Ilya lumampah mêdal ing sukuning rêdi wau, nanging botên sagêd amanggih marginipun ingkang kangge minggah dhatêng rêdi punika. Sarêng dangu-dangu dumugi ing lengkongan, ing ngriku Ilya manggih margi alit ing sasêlaning rêdi karang ingkang inggil sangêt. Lampahing margi ingkang minggah dhatêng rêdi wau sakalangkung andêdêr, tanpa ajrih Ilya têrus lajêng minggah mêdal ing margi wau. Wawasan ing ngriku tumrapipun Ilya sangêt sae lan anèh, ngantos piyambakipun mèh supe dhatêng sêdyanipun minggah ing rêdi punika. Ing sarèhning papan padununganipun Ilya punika ing suwau-waunipun wontên ing tanah ngare, ingkang wontênipun namung siti patêgilan tuwin ara-ara kemawon, amila gumunipun inggih sakalangkung-langkung sarêng nyumêrêpi rêdi-rêdi ingkang samantên inggilipun wau. Ing ngriku piyambakipun angrumaosi agênging panguwaosipun ingkang murbèng jagad, lan sapelenipun manusa.

Makatên ingkang dados gagasanipun Ilya, ngantos piyambakipun supe dhatêng kawontênan ing kiwa têngênipun. Tujunipun kapal tumpakanipun wau mangrêtos sangêt. Sanadyan margi ingkang dipun ambah rumpil sangêt, ewasamantên sagêd ngupados margi piyambak. Ing kala punika ujug-ujug kamirêngan suwara gumludhug, ngantos adamêl orêging rêdi-rêdi ing sakiwa têngênipun ngriku. Ilya lajêng angupadosi ingkang anjalari tuwuhing suwara gumludhug wau. Saking katêbihan dumadakan Ilya sumêrêp wontên kapal ingkang sakalangkung agêng sarta dipun tumpaki ing tiyang ingkang agêngipun kagila-gila. Salaminipun gêsang Ilya dèrèng nate sumêrêp kapal tuwin tiyang ingkang samantên agêngipun.

Badhe kasambêtan.

--- 185 ---

No. 47, Taun VIII

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI: BU-MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM REGANE SATAUN F 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN. BAYAR DHISIK LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

MANGSULI LAYANG

Bocah-bocah, barêng iki aku awèh wêruh, yèn tanpa alangan besuk dina Kêmis Lêgi tanggal kaping 2 December, Bu Mar ngalih mênyang Vliegveldlaan. Kowe rak ngêrti ta, yèn Rama lan ibu Petruk pindhah, Bu Mar iya ndhèrèk pindhah.

Dadi yèn kowe padha nglayangi Bu Mar, wiwit dina Kêmis Lêgi adrèse salin mangkene:

Bu Mar, Vliegveldlaan 55

Batavia-Centrum.

Mêsthine akèh bocah sing bakale takon: "Sabab punapa Bu Mar kok pindhah?'' Sadurunge ana pitakonan mangkono, saiki Bu Mar arêp crita sabab-sababe. Dirasa-rasa manggon ing kampung kuwi kok saya suwe ora saya sênêng, jêbul malah saya ora kêpenak. Kajaba sêpi, gange kuwi ciut, kathik nganggo kalenan kiwa têngên. Dadi dhilman bisa mlêbu, nanging ora bisa mutêr, dadi kêpêksa dirucati. Manawa motor mlêbu, yèn arêp mêtu kudu mundur. Ora sabên dhilman gêlêm mlêbu ing gang kuwi, awit angèl mêtune, dadi yèn lêlungan kêpêksa mudhun ing dalan gêdhe, iya nèk pinuju ora udan, lan yèn udan kapriye, mara pikirên.

Vliegveldlaan kuwi biyèn jênênge Kêmayoran, durung suwe jênênge disalini Vliegveldlaan.

Soetarno, Pandhansari, Balikpapan. Satêmênê pucungmu kurang bênêr, nanging mêksa dak pacak, awit dak arah cangkrimane bae. Manèh-manèh yè gawe têmbang kudu luwih ngati-ati.

Soekiman, Surakarta. layangmu isi têmbang lan lêlucon wis daktampa kanthi bungahing ati. Aku samono uga, manawa ana luputku, apuranên bae.

Sri Sasanti, Surakarta. Kowe pitakon bab buku sing kaimpun dening R.A. Soewarsi, iku cara Jawa nanging tulisan latin. Kowe njaluk olèh-olèh saka Kêbumèn, we la, wong kabèh olèh-olèhe mung barang sapele lan kang mêsthine kowe ora doyan, yaiku, cabuk, mbako, kêcombrang, nopyah lan kripik tempe saka Purbolinggo, kabèh rak ora lucu ta? Dêdongènganmu wis kêtampan, ora liya bangêt panrimaku.

Sri Sabarijah, Kêdhiri. Wah kok anèh ya, ana jamur dhuwure kira-kira 30 cm lan ambane uga 30 cm. Cuwa dene aku ora bisa têka anêksèni dhewe. Karanganmu wis daktampa.

Soewoko, Ngayogya. Cangkiman lan lêlucon wis kêtampan, bangêt panimaku. Liya dina kapacak.

Soerojo c/o Ass. Wêdono Mandiraja, Klampok. Ibumu wis tampa layangmu kang isi lêlucon warna-warna, ora liya bangêt panrimaku.

Taklimku aturna nyang ibumu.

Thor de Dondergod, Purwokêrto. Karanganmu bab ulah raga wis kêtampan, bangêt panrimaku. Panjalukku sing ajêg anggonmu ngirimi, wis daksêdhiyani papan.

Soemarsinah, Batang. Layang pitêpunganmu lan ngandhakake bab kasnênganmu maca T.B. wis daktampa, andadèkake bangêt bungahku.

S. Broto, Ngayogya. Kirimanmu prentbriefkaart wis daktampa kanthi bungah. Sukur dene kowe wis nglayangi Uncle Sum dhewe.

Soetrisno, Surakarta. Bangêt bungahku, dene kowe mêrlokake ngirimi layang nyang Bu Mar manèh ngabarake kêslamêtan.

Soemarsono, Purworêjo. Aku wis tampa layang pitêpunganmu, ora liya bangêt panrimaku. Batanganmu cangkriman bênêr. Pêrkara bukake badhean rokok sigarèt "Club'', aku kok ora pati cêtha besuk kapan.

Soedarjo, L.L. Ardj. Mulo, Bandung. Cangkriman lan lêlucon aku wis tampa, ora liya bangêt bungahku. Liya dina yèn ana papan kapacak.

Winardi, Sleman. Dedongenganmu wis daktampa kanthi sênênging atiku. Sêtu ngarêp yèn ana papan mbokmanawa bisa kapacak.

Siti Katidjah lan Soemitro, Pasuruan. Wah andadèkake sênênging atiku kowe besuk tanggal 29 Nopèmbêr niyat nyang Bêtawi ngiras tilik Bu Mar.

Bu Mar tasnah ngarêp-arêp.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar

--- 186 ---

Kêthèk lan Bulus

(Candhake)

Kêthèk enggal-enggal nguculi taline si bulus, banjur si bulus digawa adoh mênyang sajabaning pagêr. Sawise, kêthèk bali nyang omahe pak tani, awake dhewe dijirêt kêncêng karo tali kang êntas kanggo nggantung si bulus iku, banjur kêthèk yun-yunan karo nêmbang kaya sing ditêmbangake dening bulus iku uga.

Barêng wis sawatara suwe si kêthèk anggone yun-yunan lan têtêmbangan, pak tani têka saka pasar, anggawa bumbu-bumbu kang êtas dituku.

Barêng cêdhak omahe, dhèwèke krungu suwaraning wong nêmbang, andadèkake bangêt gumune lan banjur calathu dhewe: "Sapa kang nêmbang iki, ya?'' masa bulus kang arêp dibêlèh gulune iku kasênêngên, têtêmbangan?'' Sajrone calathu mangkono, pak tani têkan ing omahe, nuli wêruh bulus ora ana kajaba mung sawijining kêthèk tuwa kang bangêt èlèk rupane.

Pak tani mlênggong sadhela ndêlok si kêthèk iku, banjur dadi nêpsune. Wungkusan bumbu-bumbu didokok ing lêmah, banjur anjupuk kayu, kêthèk nuli dipênthungi sarosane nganti jêrit-jêrit: "Tulung, tulung, nyuwun pangapura pak tani!'' Ananging pak tani ora pêrduli apa-apa, têrus anggone mênthungi sakêna-kênane, dumadakan kêna tali kang kanggo anggantung iku, pêdhot sanalika, kêthèk nuli mlayu. Pak tani ngoyak nganti sawatara adoh karo mêmisuh, nanging ora kêna. Awit saka bangêt anggone nêsu pak tani nganti luput pamênthunge. Barêng wis adoh, kira-kirane pak tani ora bisa nusul, kêthèk nuli lungguh karo sêdhih atine, wêruh awake biru, babak bundhas, tilas pênthungane pak tani. Barêng wis ora pati krasa lara lan ilang kêsêle, kêthèk banjur lumaku, anggolèki si bulus karo calathu: "Ngati-ati kowe, pijêr ngapusi aku bae!'' Sawatara suwe kêthèk anggone lumaku pincang, sadhela-sadhela lèrèn sabab krasa lara, kêthèk banjur têkan ing gunung cilik; ing kono wêruh si bulus lagi enak-enak turu, nuli digugah dening si kêthèk. Bulus kagèt, banjur calathu: "Apa si adhi ora sida dadi ngantèn? Astaga, kênang apa rupamu kaya mêngkono, dhi?''

Barêng kêthèk krungu kabèh pitakone si bulus iku, bangêt andadèkake nêpsune, nuli nyrêngêni si bulus. Ananging si bulus ngrungokake bae kanthi sabar.

Barêng kêthèk wis marêm anggone misuh-misuh, bulus lagi gênti: "Apa wis marêm anggonmu misuhi aku, dhi? Apa kandhaku mau? Aku wis krasa yèn pak tani dadi nêpsu! Rupamu ngono dadi mantu manungsa! Aku mau ya ora entuk, nanging kowe mêksa bae. Saiki kowe arêp ngluputake aku''

Barêng kêthèk krungu mêngkono, dhèwèke banjur dhêlêg-dhêlêg, ora bisa kandha apa-apa dhèwèke rumasa isin. Tangkêpe si kêthèk karo si bulus bêcik manèh, kêthèk banjur pitakon: Kakang bulus, kowe lagi apa ana ing kene?''

Wangsulane si bulus: "Aku lagi anjaga gonge pak tani, kang sumlêmpit ing antarane pang-pang wit jengkol iku.''

Ana candhake.

--- 186 ---

PITUTUR BÊCIK

Ing sawijining desa, ana wong aran Krama. Padha-padha wong ing desa kono. Krama mau klêbu cukup. Anake siji aran si Kasim, nakal bangêt, lan gawene sok nyolongi dhuwite wong tuwane, sarta kumpulane bocah kang nakal-nakal lan ugal-ugalan.

Nuju sawijining dina, êmbokne lagi ngrêsiki pêturon, dumadakan nêmu buntêlan ing sangisore bantale si Kasim. Buntêlan dijupuk, banjur dituduhake marang sing lanang. Barêng buntêlan mau dibukak, sapira ta kagète Krama, barêng waruh isine buntêlan mau, ora liya kajaba candu. Krama susah bangêt atine, dene anake duwe pokal sing kaya mêngkono iku.

Barêng wis sore Kasim têka saka dolan, banjur diundang bapakne, lan dikon milu lunga. Kasim susah bangêt atine, jalaran sore iku wis sêmayan karo kancane, arêp ajar nyêrèt. Nanging Kasim kêpêksa milu bapakne.

Ora kacrita lakune ing dalan, barêng wis têkan ing sawijining desa, Kasim dijak mlêbu ing sawijining omah cilik, Kasim ora ngêrti karêpe bapakne. Barêng wis mlêbu, Kasim krasa wêdi, atine dhêg-dhêgan; apa manèh barêng mlêbu ing jêro omah mau pêtêng; ing kono ana ambène cilik siji, lan ana wonge kang pinuju nyêrèt, awake kuru, lambene biru, wis ora duwe kêkuwatan manèh. Kasim wêruh kang kang kaya mêngkono mau, wêlas bangêt, nganti mêtu êluhe, jalaran ora liya wong kang nyêrèt mau kêjaba sadulure dhewe kang ginodha dening bok Lara Irêng. Barêng bapakne wêruh polatane Kasim kang kaya mêngkono mau, banjur dijak mulih lan dipituturi rupa-rupa, apa manèh dicritani jalarane sêdulure dadi kaya mêngkono iku. Kasim njaluk pangapura marang bapakne sarta janji bakal marèni kêlakuwane kang ala iku.

Wiwit dina iku Kasim dadi wong kang bêcik bêbudène sarta dhèwèke bungah bangêt, dene durung kabanjur nglakoni nyêrèt.

Endang Srie Praptining Wardojo.

--- 187 ---

ANAK KANG NULUNGI BAPA BIYUNGE

Bill lan Jim anake wong sugih ing kutha New York. Barêng jaman malaise, bapakne bocah loro mau tinêmu mlarat, kêpêksa ninggal omahe kang gêdhe lan èdi ing kutha mau lan ngalih mênyang "farm'' cilik ing Connesticut. Farm iku omah kang kinubêngan ara-ara jêmbar kêna kanggo ngingu sapi sapirang-pirang diêngon dening Cowboys kaya kang ditontonake ing bioscoop kae ta, yèn pinuju lakon Tom Mix utawa Ken Maynard. Nanging sarèhning bapakne Bill lan Jim mau mlarat, dadi farme ya cilik-cilikan bae, ora ana sapine, apa manèh Cowboy.

Bocah loro mau mêsthine ya ora sênêng. Lha wong biyèn mukti, saiki kok dadi nistha. Nanging tujune padha pêng-pêngan kabèh, ora gêlêm bêkah-bêkuh utawa ngrêsula, malah padha cancut ngrewangi wong tuwane golèk rêjêki. Bapakne olèh pagawean ing kutha sacêdhake kono, dadi boekhouder. Mung sabên Sabtu bae mulih nunggang bus tilik anak bojo. Biyunge buruh dondom-dondom, dene sadulur mau saka karêpe dhewe adol koran ana ing desa kono, utawa buruh ana ing omahe tangga têparone, lumayan bisa olèh sakêthip rong kêthip, utawa roti, kênthang, susu lan liya-liyane.

Ing sawijining dina Bill lan Jim nuju nganggur padha dolanan ana ing ara-ara, reka-rekane dadi Buffalo Bill lan Wild Bill Hickok pêrang karo Indhian. Dumadakan Jim kêplèsèt ing èrèng-èrèng têrus kêglundhung ing jurang. Sarèhne jurange ora pati jêro, mung sikile bae sing tugêl balunge. Bill nulungi adhine digendhong nganti têkan ing rumah sakit kang adohe kurang luwih ana 5 km. Jim barêng eling, sing dipikir dhisik dudu larane, nanging rêkèninge kang bapakne kêpêksa mêsthi bayar. Saka kandhane dhoktêre manawa nganggo "anaesthesia'' waragade mundhak 10 dollar.

Dhèwèke kagèt têrus takon: "Anaesthesia punika punapa ta?''

Wangsulane: O, kuwi kanggo matèni rasa lara.

Jim mikir sadhela têrus takon manèh: "Nanging rak sagêd ta panjênêngan nulungi kula botên ngangge anaesthesia?''

Bisa bae, nanging kowe bakal krasa lara bangêt.''

Tanpa mikir manèh Jim muni: Inggih sandika tuwan dhoktêr, mangga suku kula panjênêngan dandosi botên susah sarana anaesthesia!'' sanajan krasa lara bangêt Jim anggone mbêtah-bêtahake nganti ora cêmuit, mung luhe bae crocosan. Samono gêdhene tekade Jim.

Bocah-bocah muga-muga bisaa lan gêlêma nelad bocah loro sing bandêl iki. Dadi yèn bapak ibune nuju kasusahan, aja kok têrus beka yèn nyuwun klambi anyar ora diparingi, kosokbaline malah gêlêma nulungi sabisamu kaya Bill lan Jim mau.

Uncle Sum.

GÊRBONG ANYAR

[Grafik]

Mungguhing bocah-bocah jaman saiki, apa manèh bocah-bocah ing kutha, iku adhakan wis padha kulina wêruh lan nunggang sêpur, dadi anane gêrbong sêpur mau ora andadèkake gumune bocah-bocah.

Ing dhuwur iki ngêmot gêrbong sêpur gagrag anyar, yaiku jandhelane sarwa kaca, mbkmanawa bocah-bocah akèh sing padha kêpengin nunggang.

Gêrbong anyar mau ing jêro sarwa kobèt, palinggihane mung ana sisih, dadi dalane kang kanggo liwat ora ana ing têngah, bisa gawe kapenake wong-wong kang padha nunggang.

Kajaba iku ing sajroning gêrbong kono ora bisa klêbon blêdug, angine bisa mlêbu mêtu nganggo piranti, rasane isis nanging ora andadèkake masuk angin.

Lan manèh lakune sêpur anyar mau anglêr bangêt, ora beda kaya wong nunggang bandulan.

Bêgja bangêt wong lêlungan ing jaman saiki, anane mung sarwa têntrêm, adoh ing bêbaya tur rikat, thik waragade murah.

--- 188 ---

TUKANG KUWÈH ING DAMUSCUS

Kacarita dhèk jaman kuna ing Mêsir ana raja kang adil, wêlasan sarta bèrbudi lan bangêt diwêdèni dening kawulane sabab saka gêdhe kakêndêlane.

Sang ratu mau mitrane para wong mlarat, lan ngrêksa bangêt marang wong pintêr-pintêr. Sing dipilih kanggo juru panimbange wong sing pintêr-pintêr. Apa manèh patih dalêm iku pintêr, candhakan ing budi lan lantip sarta wis sinau sakabèhe ngèlmu. Patih dalêm mau duwe anak lanang loro, kang padha niru watakne bapakne. Sing tuwa aran Samsudin Muhammad, sing ênom Nuridin-Ali. Sanajan karone padha luwih ing samubarang, nanging sing ênom mêksa luwih unggul ing kautaman lan kapintêrane. Sêdulur loro mau padha dene trêsnane prasasat ora bisa pisah.

Barêng bapakne tumêka ing pati, sêdulur loro mau ditimbali sang ratu, kadhawuhan manganggo panganggoning patih lan sang ratu nuli dhawuh, pangandikane mangkene: "Aku uga milu ngrasakake kasusahanmu, apadene nagaraku kene rumasa kelangan bapakmu, kang linuwih mau.

Nanging aku isih duwe panglipur, dene kautaman lan kabêcikane tumangkar nyang kowe sakloron. Minangka katêntrêmaning nagaraku lan atiku, mula luwih bêcik kowe sakloron tak dadèkake patih, tinimbang karo ndadèkake wong liya siji, rak luwih utama kowe sakloron kang saka rukunmu prasasat ati siji. Awit watakane bapakmu iku saka pangrasaku nuruni nyang kowe sakloron, dadi kautamane nyang nagaraku lan kawulaku bisaa widada kaya sing uwis.

Mêngkono dhawuh pangandikane sang ratu. Patih anyar karo-karone matur nuwun, nyuwun pamit mulih lan banjur padha ngopèni pangubure bapakne. Sarampunge, miturut padatan lan agamane dhewe, sasasi lawase ora ngetok uwong. Barêng wis sasasi nuli padha ngetok lan ngèstokake anggone padha dadi patih dalêm. Yèn ing kêdhaton ana pasamuwan patih dalêm sakarone uga ketok. Wasanane wong loro mau padha urip kanthi rukun kaya sing uwis, ing omahe bapakne.

Anuju sawijing sore Samsudin lan Nuridin lagi padha lêlungguhan lan rêmbugan bab kang wis kêlakon lan kang arêp dilakoni.

Samsudin Muhammad anduwèni rêmbug marang adhine, tunggal dina olèhe rabi lan sabisa-bisa engal-enggal. Nuridin-Ali uga ngrujuki rêmbuge kakange, lan karo-karone padha nêtêpake, yèn bisuk anake pambarêp Samsidin wedok lan Nuridin Ali lanang arêp padha besanan.

Ananging kanyatan kêkarêpaning manungsa iku ora mêsthi tinurutan kanthi kêpenak, mêngkono uga sêdulur loro iki. Samsudin lan Nuridin padha pasulayan nganti bangêt, banjur padha pêpisahan kanthi pangunêg-unêging ati, mlêbu kamare dhewe-dhewe, Samsudin rèhning sêdulur tuwa, anduwèni panguwasa, mula banjur arêp mêksa adhine supaya gêlêm ngrujuki pêrkara sing maune ora dadi cocoging ati. Anggone mêksa mau karo ngancam.

Esuke, barêng Samsudin tangi, têrus sowan nyang kêdhaton, pêrlu arêp ndhèrèk ambêbêdhag. Para kawula ing kêdhaton wis sumadhiya kabèh, nuli budhal.

Nuridin uga tangi gasik, nanging ora nêdya dhèrèkake sang ratu, malah arêp ninggal kakangne lan nagarane. Satêmêne ya abot, awit trêsna bangêt nyang kakangne lan saiki uga isih trêsna, tinimbang urip kanthi pasulayan karo sadulur, bêcik pêpisahan bae. Mulane wis nêtêpake dhewe, aluwung ninggal nagarane kang ditrêsnani, tinimbang wêruh kakange ora sumèh lan nêpsu.

Barêng Samsudin wis lunga, Nuridin akon nyêdhiyakake kuldi sing arêp ditunggangi, anggawa sangu dhuwit, rajabrana lan pangan sawatara. Sawise calathu marang bature, yèn arêp lêlungan dhewe ana loro utawa têlung dina lawase, Nuridin budhal tanpa anggawa kanca.

Nalika Nuridin nunggang kuldi liwat ratan-ratan ing Mêsir, wong-wong ing kono isih padha turu. Nuridin susah banêt, lan nalika mêtu saka gapuraning kutha, rasane kaya lagi anggawa awake dhewe mênyang kuburan. Sabab ing sajabaning kutha kono rak ora ana wong kang ngeling-eling kanthi trêsna marang dhèwèke lan ngarêp-arêp têkane. Lungane mau tanpa ana kang dijujug. Sawise mikir-mikir sawatara suwe, dhèwèke nuli ngênêr, nyang nêgara Arab. Ing kono kuldine mati, sabab saka panasing sagara wêdhi, banjur kêpêksa lumaku. Ing kono kêtêmu utusane sang ratu ing Balsora, kang lagi arêp mulih nyang nagarane, lan ngajak Nuridin nunggang ing burine.

Lakune Nuridin nganti têkan ing Balsora lan niyate arêp nginêp ing kono sawatara dina. Barêng lagi mlaku-mlaku golèk panginêpan, wêruh ana priyayi gêdhe kadhèrèkake kawulane pirang-pirang. Para wong padha ngurmati kabèh, lan padha lèrèn ngêntèni priyayi mau nganti wis adoh. Nuridin uga lèrèn ngadêg, nganti piyayi mau wis adoh. Anggone Nuridin lèrèn ngadêg mau, ora mung sabab niru wong akèh, uga kêtarik jalaran saka priyayi mau. Priyayi iku patih dalêm ing Balsora, kang sabên dina tindak ngubêngi kutha, amrih têntrême.

Ana candhake.