Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02, #1667

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1938, #1667
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1509.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1510.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1511.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1512.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1513.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1514.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1515.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1516.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1517.

Ôngka 10/11, Stu Lê,Sêtu Lêgi (dan di tempat lain, singkatan hari dan pasaran yang sejenis). 5 Bêsar Ehe 1868, 5 Pèbruari 1938, Taun XIII

Kajawèn

[Iklan]

--- 149 ---

PAMAHARGYA BABARAN

Nyarêngi sumêbaripun pawartos ingkang damêl gambiraning manah, inggih punika pawartos Ingkang Minulya Putri Juliana ambabar, Ingkang Wicaksana Kangjêng Tuwan Gupêrnur Jendral mêdhar sabda wontên ing ngajênging radio.

Pangandikanipun Ingkang Wicaksana wau nuntên dipun ambali dening Kangjêng Bupati ing Bêtawi, mawi basa Mlajêng.

DHAWUH PANGANDIKANIPUN I.W.K.T. GUPÊRNUR JENDRAL

Para pamiarsa, kakung putri ing jajahan ngriki sadaya, ingkang sumêbar manggèn wontên ing saindênging tanah Indiya, sarta ingkang sampun mirêng pawartos ingkang damêl gambiraning manah, inggih punika pawartos ambabaripun Ingkang Minulya Raja Putri Juliana, miyos putri; kula matur nuwun, dene ing salêbêtipun bingah-bingah, panjênêngan sadaya taksih sami karsa mirêngakên punapa ingkang badhe kula aturakên ing ngriki.

Ing salêbêtipun gêsangipun manungsa, utawi gêsangipun bangsa, kalamangsa ingkang sagêd ngraosakên bingah utawi sisah sêsarêngan kanthi gambiraning manah, punika awis-awis sangêt. Ing sabên dintênipun punika adatipun upami wontêna kasênêngan utawi kasisahan, inggih namung tumrap dhatêng awak piyambak. Nanging awit saking wontênipun lêlampahan kados ing wêkdal samangke punika, dening trênyuhing manah ingkang sagêd nyupèkakên dhatêng awakipun piyambak, kula sadaya lajêng ngrêtos, bilih raos sêsarêngan utawi raos manunggil punika pancèn luhur. Dados wêkdal samangke punika wêkdal ingkang wigatos sangêt, awit para kawula karajan Walandi, ingkang pintên-pintên yuta kathahipun, sarta ingkang dêdunung wontên ing peranganing jagat ing pundi-pundi, sagêd manunggilakên bingahipun utawi suka sukuripun. Manahipun utawi ciptanipun sadaya têmtu sami kapêlêngakên dhatêng ingkang katêmbèn ambabar, ingkang ingupakara ingêla-êla dening ibu dalêm sêsêmbahan kula sadaya, sarta ingkang tansah jinangkung dening garwa, Prins Bernhard, ingkang sukuring Allah mêntas sênggang saking anggènipun gêrah.

Kula sadaya punika sanès bangsa ingkang rêmên dhatêng sumyak-sumyak; kêmpal kalihan ahli piyambak punika dados kêsênêngan kula, mêngku balegriya ingkang têntrêm punika dados pusaka kula. Awit saking punika, mila lêlampahan ingkang wigatos sangêt tumraping nagari kados ing wêkdal samangke punika, anggèn kula sami tumut ngraosakên botên namung jalaran saking anggèn kula dados kawula karajan kemawon, nanging ugi jalaran anggèn kula sami tinitah gêsang. Tumrap kula, raosipun kadosdene kêtaman kabêgjan piyambak, angsal kanugrahan ing salêbêting griya piyambak.

Panjênêngan sadaya kathah ingkang taksih èngêt gambiraning manah nalika Ingkang Minulya Raja Putri Juliana miyos; panjênêngan sadaya mêngingi nalika jaman timuripun, inggih punika jamanipun dèrèng ngraosakên punapa-punapa, nalika taksih tinêngganan ing rama dalêm tuwin eyang dalêm; kula sadaya mêningi rumaja putrinipun, inggih punika wancinipun amanggalih dhatêng kuwajibanipun ingkang awrat, nanging kosokwangsulipun inggih taksih ngraosakên sênêngipun dados murid ngudi kawruh wontên ing pamulangan luhur ing kitha pamulanganipun darah oranyê. Kula sadaya ugi tumut bela sungkawa nalika ibu dalêm Sri Maha Raja Putri utawi panjênêngan dalêm piyambak Raja Putri Juliana, kasripahan ngantos kaping kalih. Kula sadaya ugi tumut suka-suka lan bingah-bingah nalika Ingkang Minulya Raja Putri Juliana pêpacangan salajêngipun nambut silaning akrami kalihan Ingkang Minulya Prins Bernhard von Lippe-Biesterfeld, ingkang atêgês wiwit tumapakipun kanugrahaning agêsang tuwin lêstantunipun darah oranyê sakaratonipun. Dene samangke, awit wontênipun kabar bilih Sang Raja Putri sampun ambabar, bilih wontên raja putri darah oranyê miyos, inggih punika darah ingkang sampun dados satunggal kalihan bangsa tuwin nagari, raosing manah kadosdene angsal nugraha, tuwin tuwuh suka sukur ing manah ingkang botên kenging kinintên-kintên.

Nêdhêng-nêdhêngipun jagat sawêg pradondi, wêwaton ingkang minangka agul-aguling katêntrêman sawêg gonjing, kula sadaya, rakyat Walandi, taksih pinaringan iman ingkang têtêp, naluri lêluhur, ngawula ing darah oranyê. Awis-awis bangsa pinaringan kanugrahan ingkang agêng wigatosipun kadosdene ingkang pinaringakên dhatêng kula sadaya wau. Tumrap kula sadaya, dening wontênipun babaran punika lajêng wontên sasmita ingkang adi, inggih punika sasmita: langgêng utawi lêstantun! Kabingahan, ingkang minangka subakastawa dhumatêng ingkang nêmbe miyos, saèstu kabingahan ingkang suci, makatên ugi pamujinipun kawula ingkang tanpa wilangan ngèsthi rahayunipun Ingkang Minulya Raja Putri sagarwa putra, sarta langgêngipun karaton tuwin nagari, ugi tuwuh saking manah ingkang suci. Para ulama sawarnining agami sami andêdonga, nyênyuwun Ingkang Murbèng Alam mugi-mugi pinayungan ing rahayu.

Para pamiarsa, dintên punika mugi-mugi tansah dadosa pangèngêt-èngêt, anuwuhakên kêkiyatan enggal ing salêbêting kapitadosan kula sadaya dhatêng gumolonging rakyat karajan Walandi ingkang manggèn ing pundi kemawon, sarta dhatêng kêmpaling karajan. Nuwun.

--- 150 ---

Kagunan Jawi

Wangsulan: Pitakenan sarta Centhangan Bab Gôngsa

Sambêtipun Kajawèn nomêr 9.

Pitakenan: bibiting gôngsa saking 7 swaraning suling punika pasêksènipun ingkang saking mula bukanipun gôngsa kadospundi,... Wangsulan kula: eman sangêt kula, dene kula botên sumêrêp, ewadene kula badhe matur malih mangsuli ingkang sampun kula sêrat 7 swara ing suling kenging kasêbut babon bibiting gôngsa, ukaranipun mawi: kenging kasêbut... punika atêgês botên mêsthèkakên, dêstun saking 7 swara ing suling ngriku kenging (sagêd) kangge paugêraning nglaras (ngrakit) gôngsa. Makatên mênggah suraosipun ukara… Lajênging centhangan: manawi panci lêrês wiwiting gôngsa punika saking 7 swaraning suling, dados punapa gôngsa Munggang Kodhokngorèk ingkang namung 3 swara punika langkung ênèm... Atur jawab kula: 1e kula botên mastani wiwiting gôngsa punika saking 7 swaraning suling, sarta malih 2e têmbung bibit lan wiwit punika sulaya. Bibit atêgês sapunika kemawon, ananging têmbung wiwit makatên lajêng sagêd anglangut tumrap gôngsa wau... Lajênging atur jawab kula tumrap ênèm sêpuhipun gôngsa Munggang Kodhokngorèk, pandangon punika eman dene kula botên sagêd ngaturakên katranganipun, ananging sarêng tuwan kodrat ngandika: gôngsa Munggang namung 3 swara, punika kula kok lajêng kagèt, awit kula sumêrêp gôngsa Munggang kok 5 swara, liripun rakitanipun kados gôngsa limrah kemawon. Nuwun, nuwun, punapa botên kalèntu sêngguh: Munggang (gêndhing) 3 swara makatên, lah punika kula andhèrèk, namung manawi gôngsanipun rakitan 5 swara. Malah manawi prêlu kula sagêd ngaturakên satunggil-satunggilipun. Ing ngriki kula lajêng kèngêtan: sinom logondhang, dhandhanggula banjêt, pangkur dhudha kasmaran lan sapanunggilanipun ingkang dhasaripun ngajak pelog, punika kula andhèrèk, awit kula sakêdhik-sakêdhik inggih sampun mangrêtos: manawi sêkar (têmbang) kalihan sêkar (gêndhing) punika bêbasan sasêdhèrèk, ananging ancêripun piyambak-piyambak kados ingkang sampun kula andharakên: wontên dhêdhasar slendro (pelog) mathok, wontên sagêd linta-lintu, ananging namung lagunipun. Malah aran sami, ananging manjing: têmbung punapa manjing: gêndhing, punika lajêng pônca bakah inggih kathah kemawon, liripun sêkar (têmbang) dhandhanggula tamtu botên gathuk: dhandhanggula banjêt, awit gêndhing mêngsah têmbang...

Centhangan: suling ingkang bolong 6 suwaranipun sami kalihan tatananing wilahan slênthêm saron pelog punika cara Surakarta botên kangge, awit tamtu blero.

Atur jawab kula: ambokmanawi lan tamtu blero, ananging wontên sabab, dene sabab wau 1. ingkang nata swara ing suling (paniyup) botên [bo...]

--- 151 ---

[...tên] sagêd, 2. ingkang namung sathuk-thukipun suling asal bolong 6. Manawi kados punika botên kok lajêng Surakarta, ing panggenan kula ing Pangarasan, inggih botên kangge.

Tuwan Sumadi ngandika: dene ing slênthêm ngriku… sarta pitakenan: gôngsa ingkang laras pelog slênthêm saron bonangipun sagêd ngêmot laras slendro punika gôngsa pundi kagunganipun sintên. Atur jawab kula: bab punika asal lêrês mangrêtos tatanan suling bolong nêm wau, botên susah ngèmbèt-èmbèt gôngsa ngrika-ngrika, inggih lajêng mangrêtos lan lajêng sumarambah, liripun lajêng manggih pangrêtos warni-warni ingkang gumathok. Dene gôngsa sanès-sanèsipun ingkang tuwan sumêrêpi inggih lêrês, namung tuwan kados namung miturut gôngsa, punika sagêd tuna dungkap dhatêng kawruh. Tandhanipun kadosdene tuwan ngandika: tumbuk gangsalipun, punika ing tatanan slendro pelog botên sagêd ananging sampun kalintu tampi, punika wau mênggahing dunung dhêdhasar kawruh lo. Mênggah gôngsa botên tumut-tumut.

[Iklan]

Pitakenan: sarèhning namung kangge anggladhi kagunan têmbang, dados pu… atur jawab kula: bab pangandika kula tampi asta kalih, awit ing sêmu Tuwan Kodrat owêl (ngeman dhatêng kula) jalaran kula matur prêluning gôngsa namung dipun cumpèni namung kangge anggladhi kagunan têmbang makatên wau. Pramila kukakula. ambali malih matur nuwun lan sigêg dumugi ngriki atur kula.

Sumadi, (Pangarasan)

--- [152] ---

Juru Misaya Ulam Bôngsa Jêpan

[Grafik]

Kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn, bab juru misaya ulam bôngsa Jêpan ingkang asli saking Singgapura.

Ingkang kacêtha ing gambar punika baita pamisayan ulam bôngsa Jêpan agêng alit ingkang dipun cêpêng dening kapal Van Gent, nalika baita-baita wau misaya ulam wontên ing papan ingkang dipun awisi.

[Grafik]

Nginggil, kapal Valk tuwin motor mabur marinê, ingkang kêrêp nyumêrêpi baita pamisayan ulam bôngsa Jêpan ing papan ingkang dipun awisi.

[Grafik]

Kiwa: baita Jêpan Kuku Maru ingkang dipun cêpêng dening kapal Valk.

[Grafik]

Gambar bundêr: nalika baita kapriksa.

[Grafik]

Ing ngandhap: baita pamisayan ulam saking Singgapura ingkang kenging ambongkar momotan wontên ing pasar ikan, Batawi.

--- 153 ---

LOTERIJ

[Grafik]

[Iklan]

--- 154 ---

Kawruh Sawatawis

Akik Tulak Upas

Sambêtipun Kajawèn nomêr 9

Amila pêpuntonipun, sasampuning ihtiyar sagadug-gadugipun saha botên katalompèn anggènipun nindakakên jêjampi kanthi sabar talatos, badhe kadospundi malih, inggih lajêng linambaran tawêkal (pasrah Allah, utawi sumendhe ing takdir).

Botên antawis dintên, ing Kombongan sacêlaking pondhok ngriku wontên sadhèrèk ingkang nêmbe dhatêng saking dhusun Plangitan, mirêng bilih cariyos wontên kônca mêntas dipun cakot sawêr, piyambakipun mrêlokakên tuwi dhatêng ingkang sakit.

Sarêng sampun pitakèn larah-larahipun sawatawis, sadhèrèk wau lajêng nyoplok sêsupe akik anggenipun sarwi wicantên: coba, sakit sampeyan kula tambanane akik niki, bokmanawa sagêd jodho lan ragi mayar: sukur, upama botên jodho ênggih ditalatosi jêjampi mawon malih. Yèn mirit sing êmpun kalakon kathah sing padha jodho, amargi akik niki tulak upas-upasan. Sasampuning cariyos makatên, akik lajêng dipun gosokakên ing èpèk-èpèkipun piyambak, sarêng sampun sawatawis akik lajêng katèmpèlakên dhatêng tatu ingkang dipun cakot sawêr, sanalika akik wau kados krakêt, raosipun pating crêthil kados dipun sêrot, sarta sakitipun ugi kraos suda. Sarèhning wontên dayanipun kados makatên, mila akik wau ingkang lajêng katindakakên kangge nulak sakitipun, sabên sakêdhap-sakêdhap akik punika dipun tèmpèlakên, raosing sakit kraos suda, sangsaya suda. Dumugi sapêkên anggèning nlatosi wau, sukunipun sampun kenging kangge lumampah, abuhing suku ugi sampun kêmpès, mèh sami kalihan agêngipun suku ingkang saras, namung tilas tabêtipun tangsul sasampuning dipun uculi, katingal anggalêr mubêng kados gêlang, punika ingkang botên sagêd ical dumugi ngantos sêpuh.

Awit saking kawontênan kasêbut nginggil, punapa sadhengah akik punika kenging kangge tulak upas, botên. Miturut cariyosipun ingkang ahli, akik, intên, barleyan sapanunggilanipun bangsaning sêsotya ingkang asli saking sela, punika sadaya kenging dipun pal, têgêsipun katôndha, dipun sumêrêpi punapa akik saèstu punapa akik jênangan lan punapa kasiyatipun, upami: punapa tulak upas, punapa panarik rijêki, punapa enggal tampi drajat, punika sagêd kasumêrêpan saking pal, nanging kadospundi mênggah patrapipun ngêpal akik wau, punika botên prêlu katêrangakên ing ngriki, amargi kajawi sanès papanipun, jêr samangke sampun nama jaman padhang lan jaman gampil, tumrap angupados margining ihtiyar, botên usah pados prakawis ingkang angèl-angèl, prayogi ihtiyar ingkang gampil, liripun: tiyang kapengin saras, [sa...]

--- 155 ---

[...ras,] nêdhaa pitulungan dhatêng dhoktêr. Kapengin kasinungan rijêki kathah, mêmpênga nyambut damêl. Kapengin kadrajatan, upami: cêpêng damêl utawi dados priyantun, inggih pawitan kasagêdan sarta magang, makatên sapiturutipun. Makatên punika nama ihtiyar ingkang cêpak dhatêng kadumugèning sêdya. Sukur bage sèwu, sasampuning ihtiyar jangkêp, lajêng dipun lambari tawêkal, punika saya prayogi sangêt, awit manahipun lajêng sagêd sumèlèh, botên tansah bingung mrika-mriki.

Tiyang manawi ihtiyar namung ngêndêlakên dhatêng sela utawi tosan, punika ing manah sok taksih sêmang-sêmang, awit ihtiyar ingkang kados makatên wau sok ngapirani. Dene cêcriyosanipun wontên: jaman rumiyin wontên tiyang magang, piyambakipun kapengin sangêt sagêda tumuntên angsal drajat dados priyantun. Ing satunggiling dintên, tiyang wau dipun tawèni dhuwung, saking cariyosipun ingkang sade, dhuwung wau ambêkta drajat. Ingkang dipun tawèni sakalangkung rêmên sangêt manahipun, amargi ing batos gadhah pangajêng-ajêng, bilih sagêd angsal dhuwung punika, bokmanawi dados jalaraning enggal kadumugèn ingkang dados idham-idhamanipun, mila dhuwung wau lajêng katumbas sanalika. Sarêng dhuwung wau kalampahan dados gadhahanipun, jêbul malèsèt sangêt kalihan pangajêng-ajêngipun, awit tiyang wau ing salêbêtipun kanggenan dhuwung punika, wontênipun botên sanès kajawi namung tansah sakitên. Jalaran saking punika, kala samantên saking rêmbag pangothak-athikipun tiyang kathah, murih wilujêngipun, botên wontên malih, kajawi dhuwung wau kasade kemawon, sarta sampun mawi kacriyosakên punapa-punapa, namung lugu sade, prêlu badhe kangge nyampêti bêtah. Sarêng dhuwung wau sampun kalampahan kasade dhatêng sanès, tiyang wau lajêng botên kêrêp sakit, dene ingkang numbas wau, kacriyosakên ugi tiyang sampun magang, dumadakan sarêng gadhah dhuwung punika botên watawis dangu, piyambakipun lajêng tampi drajat kadadosakên priyantun. Tutuping cariyos: akik kangge pêpaès, tosan aji kangge dêdamêl, punika mathuk.

Pak Ja.

[Iklan]

Pawartos saking Administrasi.

Lêngganan nomêr 664 ing Bayalali. Gambar-gambar punika botên kasade ing pos.

Lêngganan nomêr 1639 ing Sala. Tumrap Januari-Mèi 1938.

--- 156 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Tiongkok.

Tumraping pamawas, ing bab kawontênaning paprangan ing Tiongkok, miturut wartos, ing sapunika Tiongkok gêntos kêrêp unggul. Ingkang makatên punika dados kenging dipun wastani bilih paprangan punika dèrèng bibar, tiyang botên sagêd nêtêpakên asor unggulipun. Namung wontên ewahing kawontênan, ing ngajêng ingkang nêmpuh saking golongan Jêpan, ing sapunika ngosok-wangsul, ingkang nêmpuh saking golongan Tiongkok. Dene panêmpuh wau, atêgês Tiongkok badhe ngrêbat nagari-nagari ingkang sampun dhawah ing panguwaosing mêngsah.

Ing sapunika wiwit katingal bilih wulanganipun Marsêkalêk Syang Kai Sèk punika nyata wontên wohipun, dados anggèning rêkaos Marsêkalêk wau wontên damêlipun yêktos.

Ingkang pinanggih ing Tiongkok sisih lèr, parentah sampun sagêd mêpak bala cacah 300.000, kangge nyadhiyani campuhan ing laladan Suko tuwin Saiko. Ingkang makatên punika beda sangêt kalihan wartos ingkang nyariyosakên bilih wadya Tionghwa badhe nilar kitha Suko. Malah tumrap pamanggihing parentah, paprangan ingkang pinanggih ing ngriku punika minôngka pambobot awrat ènthènging paprangan ing Tiongkok. Bab punika nyata tuwin botênipun badhe dipun raosakên dening Jêpan piyambak. Dene tumrap pamanggihipun Tiongkok, samôngsa Jêpan nêmpuh ing ngriku tamtu amanggih bêbaya agêng, nanging pangintên ing sadèrèngipun, punika dèrèng damêl pamarêm.

Manawi mirid kawontênan ingkang sampun kasumêrêpan, pamapaning baris Tiongkok ing sauruting margi sêpur saking Peiping dhatêng Hanko, Lungkai tuwin saking Tinsin dhatêng Puko pancèn katingal mitadosi yêktos. Tumrap tataning baris ingkang dipun senapatèni dening Jendral Licung, yèn ing sauruting margi sêpur saking Tinsin dhatêng Puko wau, panatanipun sakalangkung sae.

Kawontênan-kawontênan ingkang kados makatên punika, dangu-dangu Jêpan lajêng ngraosi bilih ing sapunika bobotipun Tiongkok saya pinanggih awratipun. Ing ngajêng Jêpan sagêd mindhah wadyanipun saking pundi-pundi kalangkung gampil. Inggih gampiling pamindhah wau ingkang dados satunggiling tindak ingkang sakalangkung mikantuki tumraping paprangan. Nanging ing sapunika, saupami Jêpan badhe nêmpuh dhatêng Suko kêdah nindakakên kaprayitnan tuwin mulat dhatêng adêging pabarisaning mêngsah ing Wuhu tuwin Angco.

Ing sapunika saya katingal bilih tandanging wadya Tiongkok saya kêndêl tuwin saya mapan trajangipun. Punika sagêd katitik saking nalika wontên golonganing wadya gêgana wangsul mêntas nêmpuh saking Nanking sagêd ngrangkêp damêl nêmpuh wontên sacêlakipun Wupuhu. Panêmpuh wau sagêd kasêmbadan, cacahing motor mabur wau 20, ingkang 17 wilujêng sagêd wangsul, 1 dhawah kenging kasanjatan ing mêngsah, dene [de...]

--- 157 ---

[...ne] ingkang kalih ical botên kantênan.

[Iklan]

Panêmpuhipun wadya gêgana Tiongkok wau adamêl karisakaning motor mabur Jêpan cacah 20, ingkang 10 motor mabur pirantos andhawahi bom, têtiyangipun kathah ingkang tiwas tuwin nandhang tatu. Kajawi punika wontên papan patandhon bènsin kêbêsmi.

Ing bab kabêtahan-kabêtahan ing Tiongkok taksih dipun udi ing prayoginipun. Ingkang pinanggih ing Kanton, wontêning têdha pinanggih anyêkapi, malah tumrap golongan Jêpan ugi kêpêksa migunakakên barang wêdalan Tiongkok, amargi lêbêting barang saking sajawining praja kirang sangêt.

Ing sapunika wontên wartos bilih adêging wadya Monggoli golongan ing Jawi saya santosa, sampun sagêd mêwahi wadya 200.000 saha kanthi angsal bêbantu saking Sopyèt Ruslan, kajawi punika parentah Sopyèt badhe nyukani sambutan 200 yuta rubêl, supados kangge tumbas dêdamêl pêrang.

Wartos ingkang kados makatên wau adamêl janggiratipun Jêpan, mila lajêng ngingêr gêlaring pêrang, tumrap wadyanipun ingkang katindakakên kangge nêmpuh dhatêng Sènsi sapanunggilanipun, lajêng kaangsahakên kangge ngurung Monggoli, prêlu kangge nyêgah pasupêkêtanipun Tiongkok kalihan Ruslan. Kajawi punika Jêpan inggih lajêng rekadaya ngadêgakên paprentahan wontên ing laladanipun Tiongkok ingkang sampun kenging dipun êbroki, sarana tindak badhe ngêbên bôngsa Tionghwa sami bôngsa Tionghwa.

--- 158 ---

Rêmbagipun Sêmar, Garèng, lan Petruk

Wêwêcan ing Taun 1938.

VIII.

Garèng : Wah, Ma, miturut pangandikamu, dadi wong doyan main kuwi, dhêmên sêdhêkah lan driyah, apa manèh yèn kabênêr mênang maine, wah, anggone driyah nrithil, sing ujuri mrena-mrene. Kuwi kabèh aku ngandêl, Ma, ora mung samono bae gêdhening driyahe wong doyan main kuwi, wong aku kêrêp ngalami, dalasan lagi kalah, iya… pêndhok, arloji barang didriyahake ana ing kalangan kono, ma.

Sêmar : E, wong ora urus, kathik anglulu, kuwi rak maine wong nekad, barêng kalah, kabèh barange sing ambêjaji, mèlu ditohake. Wong main sing kaya ngono kuwi rak dudu jênêng kasênêngan manèh, nanging ngegla jênêng: ngabotohan, kang karêpe: ora kanggo sênêng-sênêng, nanging kanggo golèk mênangan, saya akèh mênangane, saya andadi maine, awit anggolèk mênangan luwih akèh manèh, saya akèh kalahe, iya saya andadi maine, awit golèk… pulihan. Dadi yèn dibanjurake rêmbugane sing kaya ngene kiyi, jênêngane nyêbal karo rêmbugane ing ngarêp. Awit sing diomongake ing ngarêp ing bab kasênêngan. Apa iya ora nyêbal saupama ngrêmbug ing bab kasênêngan, têka aku banjur ngandhakake mangkene: Bôngsa Walônda kuwi kasênêngane dhangsih-dhangsih, sauwise aku banjur carita mangkene upamane: Walônda kae anggone dhangsih-dhangsih sêwêngi muput tanpa ana lèrèn-lèrène, kathik iya karo nonah kuwi-kuwi bae, tanpa ana gantine. Dhangsih-dhangsih sing kaya ngono kuwi, rumasaku iya ora kêna dijênêngi kasênêngan, nanging sing mathuk bangêt iya diarani… pêrlip.

Petruk : Wah, sajake ing bab dhangsih-dhangsih kiyi rama kok wis kursus.

Sêmar : Iya ora kursus-kursus, nanging wong pinaringan mata kuwi rak dianggo anjingglêng, wong diparingi kuping dianggo niling-nilingake. Aku iki wis tuwa, anggonku mangan lombok uyah wis warêg, anggone mangan kèju mêrtega iya wis cukup, dalasan anggone kambon minyak samin iya wis nganti ambalêngêr, tur kabèh mau sarana tak êmatake, mulane nyang apa-apa, paribasane sanadyan mung saklamêt iya rada ngrêti, kaya ta mungguhing dhangsih-dhangsih upamane, yèn mung kalêbu kasênêngan, têmtune anggone dhangsih-dhangsih mau ora nganggo cara: luwar biasah mau, nanging sathithik-sathithik nganggo pranatan, kaya ta: sing luwih dhisik diajak dhangsih nyonyah rumah, sauwise banjur nyonyah anu, nonah anu, mopro iki, jipro ika, mêngkono sabanjure, aja kok mung karo nonah kuwi-kuwi bae, prasasat… cup, kae kanggo aku.

Garèng : Iya wis, Ma, aku tak ora andhebat [a...]

--- 159 ---

[...ndhebat] bae. Aku saiki tak nyuwun katêrangan marang panjênênganamu, mungguhing panêmumu, tumrap kasênêngane bangsane dhewe kiyi, apa kudu nyara saiki, apa nyara êmbah-êmbah dhèk jaman biyèn.

Sêmar : Nèk miturut panêmuku, bab iki mung pasrah nyang wong sing arêp anglakoni. Sabab, nèk jênêngane kasênêngan kuwi sanyatane padha bae, iya kasênêngan cara saiki, cara êmbah-êmbah, cara Lônda, cara Jawa, malah cara … yangko-yangko pisan, kuwi padha bae, kabèh-kabèh mêsthi sarana ambuwang dhuwit. Akèh sathithike anggone ambuwang dhuwit, kuwi gumantung nyang sing nindakake. Lan mungguhing aku, ora ana alangan wong urip golèk kasênêngan kuwi, mung bae nèk miturut rêsèpku, kang kapisan, aja mangeran nyang kasênêngane mau, kang kapindho kudu ngrêti duga prayoga, lan kang kaping têlune, kasênêngane mau iya kudu sing mathuk karo drajate.

Garèng : Sing kok kandhakake pungkasan dhewe, aku ngrêti, Ma, kasênêngane kudu sing mathuk karo drajate, kuwi upamane mangkono: rama kuwi yuswane wis luwih saka suwidak taun, dadi iya wis ora mathuk karo darajate, saupama kasênêngane … nyêlir bocah wolulasan taun.

Sêmar : E, kowe rak ora ngrêti kabatinane uwong, aja guru-guru maido yèn ana wong tuwa rabi bocah, aja kok kira yèn tindake sing mangkono mau, dianggêp kayadene kasênêngan, iki durung karuhan, le, rak bisa uga saka wêlase nyang anak putune, utawa saka lumuhe gawe susahe anak putune, kowe wêruh dhewe, wong tuwa kuwi wis akèh jêmpone, rina wêngi kudu diladèni. Bojone bokmanawa wis mati, utawa saupama isih urip, mêsthine ora beda karo sing lanang, kêkuwatane iya wis padha nyuwun prêmisi kabèh. Anak putune têmtune padha nyambut gawe, malah bokmanawa ana ing liya nêgara, dadi iya ora bisa nunggoni sabên dina. Nèk banjur ngingu batur, wong iya durung barang-barang, mêsthine suwe-suwe iya jêlèh ngladèni wong tuwa kuwi, awit wong tuwa kuwi lumrahe sok watuk, malah sok prêlu ana ing ngênggon bae. Mulane pungkasane sok banjur nyêlir, wong iya bojo, têmtune iya ora jêlèh ngopèni sing lanang, lo, mangkono maksude wong tuwa rabi bocah kuwi, ora kok sabab nêdya golèk kasênêngan, nanging nêdya golèk wong kang ngopèni awake.

[Grafik]

Petruk : Mula iya bênêr kaya ngono,

--- [160] ---

Kang Garèng, jalaran saka iku mulane aja sok guru-guru nyanthulani tindake sapadhaning umat, sabab kadhang-kadhang sok ana maksude sing dakik-dakik bangêt. Mêngkono uga ana wong sok andakwa nyang priyayi sing ora-ora, kaya ta ngarani priyayi royal, priyayi kolot, lan sapadhane, kuwi salah bangêt, Kang Garèng, wong mau rak durung ngrêti jêroane. Kaya ta: priyayi mau anggêre ngingu abdi, pintêr sêthithik iya banjur lunga, dadi dalême priyayi mau prasaksat dianggêp sakolahan bae, pintêr, lunga, pintêr, lunga, hla, supaya abdine krasan aja nganti lunga-lunga, pambudidayane priyayi mau ora liya, abdine banjur di…sêlir.

Sêmar : Wayah, anggone omong kathik banjur anggladrah mêngkono, ora jangji aku, Truk. Luwih bêcik saiki aku tak nêrangake sing tak arani: kasênêngane kudu sing mathuk karo drajate, lo, kuwi mangkene: Upamane sing dadi kasênênganamu kuwi nonton kêthoprak utawa wayang wong. Lo kuwi ora ana alangane, wong iya sênêng. Lan manèh tongtonan-tongtonan iki mula iya mathuk tumrape awakmu, wong Jawa kathik nonton tongtonan Jawa. Nèk kowe banjur nonton opêrah, kathik opêrah Itali utawa Prancis, iki jênêngane ora mathuk, sabab kajaba karcise larang bangêt, ana ing kono kowe mêsthine kaya kêthèk nonton… langêndriyan, têgêse: ora ngrêti barang-barang. Dadi kêthoprak utawa wayang wong kuwi tumrape kowe mula iya wis mathuk, nanging mungguhing tongtonan. Nanging mungguhing kanggo kasênênganamu, durung karuhan mathuke. Dene mathuke: saupama drajatmu kuwi mung duwe pamêtu cilik, nèk kowe nonton iya lungguhe ana ing klas sing tumrape kowe kapenak bayarane. Aja kok balanjane mung salawe rupiyah sêsasine, banjur lungguh nyang klas loge ajêgan, sing bayarane karotêngah rupiyah upamane. Iki ora mathuk, le.

Garèng : Kajaba Petruk Ma, blanjane cukup kanggo… ora kalirên, têgêse mung pas-pasan, ewasamono anggêr nonton apa bae, mêsthi anjênggle ana ing klas loge, banjur pêthènthènge kuwi kayadene wong sing blanjane ora tau êntèk. Malah kadhang-kadhang sok gawe ambadhêdhêging ati, wêruh aku nonton lungguh nyang klas êmbèk, kuwi banjur nglawèkake tangane, karo manthuk mesam-mèsêm, sajak ngece…

Sêmar : E, kuwi rak rumasamu dhewe. Nanging mula iya wis lumrah, wong kuwi anggêre mlarat, sok gêdhe rumasane. Wong tanggane kêndurèn, ora diundang, rumasane iya ora diuwongake, bab anane Petruk nonton apa-apa langganan ana ing klas loge, iki ora kêna ditiru, sabab langganan…gratis.

Petruk : Wayah, kok banjur bukak rusiyah mêngkono rama iki, suwe-suwe rama ngandika, Petruk tuwi kêrêp bangêt plêsir, ora sabab sugih, nanging sabab lungane …on gê prangkir. Ora, Ma, kabênêran, mumpung ana kabèh, yèn ora ana alangan, sesuk aku arêp kaluyuran nyang Yoja, nyuwun pangèstu.

--- 161 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Nyêpêng têtiyang ingkang gadhah tindak ngancam. Pulisi ing Sêmarang angsal katrangan, bilih ing kitha ngriku wontên pakêmpalan nindakakên pangancam dhatêng bangsa Tionghwa ingkang nyade barang Jêpan. Têtiyang warganing pakêmpalan wau sampun sami kacêpêng.

Bab ambongkar kuburan ingkang sampun lami. Ingkang sampun tumindak ing Bêtawi, tumraping kuburan-kuburan ingkang sampun lami saha kêtitik botên nate dipun tuwèni dening waris, manawi ahli warisipun botên gadhah panêdha, supados kuburan wau sitinipun dados eigendom, punika lajêng karêmbag. Bab punika wontên usulipun warga gemeenteraad supados tindak makatên punika wau kawarak-warakna wontên ing sêrat kabar ing sadèrèngipun. Usul wau ugi dipun sayogyani dening gemeente.

Pakêmpalan nanggulangi padagangan têtiyang èstri. Ing Salatiga mêntas wontên parêpatan Pêrkumpulan Pêmbasmian Pêrdagangan Prampuan dan Anak-anak afdeeling Salatiga. Parêpatan wau minangka tindak sêsorah, kathah ingkang sami rawuh. Juru sabda Nyonyah Sunaryo saking Sêmarang tuwin Nyonyah Ruswo saking Ngayogya, sami mêdhar sabda ing bab nanggulangi padagangan tiyang ing sanès nagari. Ing pangajêng-ajêng, sagêda saya kathah papan ingkang kenging kangge pasipêngan tumrap golongan èstri.

Mr. J. Woudstra nyinau kawontênan ing tanah ngriki. Dèrèng dangu Mr. Woudstra, warganing koloniale sectie ing Internationaal Arbeidsbureau dhatêng ing tanah ngriki, pêrlu nyinau babagan ingkang gêgayutan kalihan padamêlanipun. Kala wontên ing Sumatra nyatakakên dhatêng kawontênanipun ing papan paboyongan. Wontênipun ing tanah Jawi mêrlokakên dhatêng ing tanah karajan Jawi, mriksa babagan sata, ing Kudus mriksa bab sês krètèk. Kajawi punika taksih kathah panggenan sanès-sanèsipun ingkang dipun dhatêngi. Ing tanggal 26 wulan punika wangsul dhatêng Eropa numpak kapal Marnix van St. Aldegonde.

Panggilingan pantun O.L. Mij Bumi-Putera. Ing bab ada-ada O.L. Mij Bumi-Putera ing Ngayogya ngêdêgakên pabrik uwos (panggilingan pantun) wontên ing Sumpyuh, sampun angsal acte notaris, kanamakakên Handelsmaatschappij Pertanian Bumiputera. Ingkang dados dhirèktur Tuwan Wadana Dwijosewaya. Pawitanipun Maatschappij punika f 500.000,- ingkang f 100.000,- sampun malêbêt. Mêsin-mêsinipun sampun mèh dhatêng. Adêging pabrikipun kintên-kintên tigang wulan êngkas. Dene wiwitipun tumapak ing damêl kintên-kintên nêm wulan malih.

Tujang nyulap arta. Pulisi ing Sêmarang mêntas nyêpêng tiyang bangsa Turki tuwin bangsa Indhu, ingkang damêlipun nyulap arta. Mênggah caranipun, manawi têtumbas lajêng ambayar arta kêrtas agêng, pêrlu nêdha susuk, nanging ing mangke sagêd nyêlêr arta ingkang kangge susuk wau botên kasumurupan. Têtiyang ingkang dipun cêpêng wau lajêng dipun bêkta dhatêng Surakarta, awit saking panêdhanipun pulisi ing Surakarta.

Badhe adêging Bestuursacademie. Rantaman warga badhe kangge adêging Bestuursacademie ing Bêtawi sampun katampèn wontên ing Raad Kawula. Dene bab gurunipun sawêg badhe karêmbag. Ingkang kenging malêbêt mriku punika ngêmungakên para pangrèh praja ingkang sampun nindakakên wajib laminipun sadasa taun tuwin ingkang sarwa nyêkapi.

[Iklan]

Bêna ingkang damêl karisakan. Sampun sawatawis dintên ing bawah Bojonêgoro mêntas bêna, angêlêbi pasitèn ing sisih kidul, adamêl karisakaning tanêman sata. Kapitunanipun ewon rupiyah. Makatên ugi ing Batur, Malang sisih kidul mêntas bêna agêng adamêl tiwasing tiyang 2, tuwin karisakan sawatawis.

Nyonyah bangsa Tionghwa angsal partisara anggêgana. Nyonyah Oei Cong Swan, mantunipun Tuwan Oei Tiong Ham suwargi ing Sêmarang mêntas angsal partisara anggêgana saking Singapura. Nyonyah wau kapetang wanita bangsa Tionghwa ingkang angsal partisara anggêgana ingkang nomêr kalih. Ingkang angsal partisara kapisan nonah Khouw Keng Nio, sadhèrèkipun Tuwan Khouw Khe Hien ing Bandung.

Juru sêrat Pangrèh Praja Gupêrmenan. Miturut wartos, ing bab juru sêrat Pangrèh Praja ingkang rumiyin kagolongakên dados blanja wulanan, sapunika katêtêpakên kados balanjaning para golongan sanèsipun, kados tatanan B.B.L.

Numpês ama tikus. Kala ing taun 1935 tuwin taun 1936 ing bawah Banyuwangi, Lumajang, Jêmbêr tuwin ing Jombang, katrajang ing ama tikus agêng-agêngan. Ing kala samantên lajêng kawontênakên tindak panyêgah wontên ing pasabinan ngantos pintên-pintên èwu bau. Kalampahan sagêd sirêp, nanging inggih kanthi waragad tuwin kanthi rêrigênipun Landbouw Voorlichtingsdienst. Panyirêpipun wau sarana dipun pasangi racun ingkang dipun êmor ing têtêdhan. Dados miturut tindak makatên wau, panyirêping ama punika wontên wohipun.

Nyambêt ril saking Kêrtosono dhatêng Blitar. Awit saking ada-adanipun pakaryan sêpur, badhe nyambêt ril-ril supados langkung panjang, pêrlunipun manawi kangge mlampah sêpur ingkang langkung rikat sagêd sakeca. Tumrap Jawi Wetan ingkang dipun rumiyinakên ing margi saking Kêrtosono dhatêng Blitar. Tumrap Jawi Kilèn ugi badhe katindakakên mêndhêt margi-margi ingkang langkung têbih. Ril ingkang dipun sambêt wau panjangipun wontên 50 m. sêpur ingkang langkung ing ril ingkang kados makatên punika lampahipun sagêd anglêr.

--- 162 ---

Warga Provinciale Raad ing Jawi Têngah. Miturut kêkancingan tanggal 19 Januari 1938, katêtêpakên dados warga provinciale Raad Jawi Têngah tuwan-tuwan: 1. A. Farnhout, agent N.V. Cultuurmaatschappij der Vorstenlanden ing Sêmarang. 2. E.H. Ter Bruggen Hugenholtz, agent Javasche Bank ing Sêmarang. 3. Mr. F. van Houten, advocaat en procureur ing Raad van Justitie ing Sêmarang tuwin vertegenwoordiger Bond van Vorstenlandsche Landbouwondernemers ing Sêmarang. 4. Inyo Beng Tiong, Arts ing Purwokêrto. 5. P.J. Kloppenburg, lid firma Dunlop en Kolff ing Sêmarang. 6. R. Maryunani, gepensionneerd tuinemploye suikeronderneming Pêcangakan, ing Banyuputih. 7. Sayid Mochtar bin Achmad al Iydrus, sudagar ing Salatiga. 8. M. Musa alias Mahfud, adviseur Pêrhimpunan Pêngulu dan Pêgawainya ing Kutoarjo. 9. M. Pêrmadi, gepensionneerd hoofdgouvernements Ind. Arts ing Sêmarang. 10. Ramêlan, beheeder Kantoor Volkscredietbank ing Kêndal. 11. A.J. Rietdijk, directeur N.V. Sukapura Bankaardt ing Cilacap. 12. E.C. Sandifort Westhoff, administrateur onderneming Sukamangli ing Selokaton, Kêndal. 13. Mr. R. Sastromulyono, advocaat en procureur ing Raad van Justitie ing Sêmarang. 14. H.B. Stapel, hoofd vertegenwoordiger ing N.V. Sêmarang-Cheribon, N.V. Sêmarang-Joana, Sarayudal en N.V. Oost Java Maatschapij, ing Sêmarang. 15. R. Valentinus Sujito Dwijoatmojo, Ind. Arts ing Muntilan. 16. Dr. A.H. Vonk, geneesheer directeur ing Zendingsziekenhuis ing Kêbumèn. 17. Wardoyo, Ind. Arts ing Zendingsziekenhuis ing Kutoarjo.

Ingsêr-ingsêran ing Justitie. Mr. R. Panji Noto Subagio, pangarsa Landraad ing Madiun tuwin Ponorogo, dados buitengewoon pangarsa Landraad Bêtawi tuwin Tangêrang. Mr. Satochid Kartanêgara pangarsa Landraad ing Ngawi tuwin Magêtan, dados pangarsa Landraad ing Madiun tuwin Ponorogo. R. Citrosudibyo rechtkundige, pangarsa Landraad ing Bangkalan, dados pangarsa Landraad ing Ngawi tuwin Magêtan.

Pakunjaran ing Nusakambangan badhe saya agêng. Ing sarèhning ing sapunika tiyang paukuman ing Nusakambangan badhe dipun indhaki dados 10.000, sami badhe nindakakên padamêlan kabudidayan karèt gupêrmèn, lajêng badhe dipun wêwahi dirèktur malih 1, dados sadaya badhe wontên dirèktur 3, dipun pangagêngi ing Hoofddirecteur.

Pènsiunan punggawa N.I.S. Awit saking ada-adanipun Tuwan Suromiharjo, manggèn ing Ngayogya, badhe ngawontênakên pakêmpalan tumprap para pènsiunan punggawa N.I.N.I.S. Mênggah kajêngipun sagêda sêsambêtan kalihan P.P.B. Kintên-kintên ada-ada punika sagêd tumindak, amargi kawontênanipun pènsiunan punggawa N.I.S. punika kathah.

Rukun anak pemuda Islam. Ing Sêpanjang Surabaya, wontên comite adêging RAPI, inggih punika ringkêsaning nama Rukun Anak Pemuda Islam. Sêdyaning pakêmpalan wau badhe nunggilakên tuwin nyupêkêtakên sawarnining pakêmpalan Islam.

Têtanèn tumrap têtiyang ingkang kirang lêrês èngêtanipun. Adêging griya pangupakaran têtiyang ingkang kirang lêrês èngêtanipun ingkang kapurih tumindak têtanèn saking ada-adanipun golongan partikêlir, pinanggih sagêd adamêl sudanipun tiyang ingkang dipun upakara wontên ing griya sakit tiyang sakit ewah. Ing sapunika ing Sumatra inggih dipun êdêgi, wontên ing Binjei. Kajawi punika tumrap ing tanah sabrang sanès-sanèsipun inggih badhe dipun êdêgi papan kados makatên. Ing Pakêm, Ngayogya, ing wulan Februari punika badhe kabikak papan kados makatên, cêkap kangge ngupakara tiyang 200.

Supados dêdamêling veldpolitie dipun saèni. Awit saking usulipun Tuwan Helsdingen, supados prabot tuwin dêdamêling para veldpolitie dipun saèni, amargi punggawa punika manawi wontên bêbaya agêng, sêsangènipunsêsanggènipun. badhe langkung awrat piyambak.

[Iklan]

EROPA.

Angin agêng. Ing Schotland mêntas wontên angin agêng ingkang lampahipun 30 mil ing dalêm saêjam. Saking agênging angin ngantos sagêd ngrisakakên papan anggêgana ing Evanty, wontên motor mabur 3 kêbuncang ing angin ngantos mancêlat têbih sami rêmuk. Wontên malih motor mabur pitu sami karisakan sadaya.

Anggêgana nglangkungi Atlantic. Kala tanggal 24 Januari, Bruno Mussolini, putranipun Sang Mussolini kanthi Kolonèl Attillio Bisco tuwin Kaptin Mascatelli wanci jam 7.30 enjing bidhal saking Italie dhatêng Rio de Janeiro (Amerika Sarekat). Mênggah wigatosipun badhe pados ungguling lampah anglangkungi sagantên Atlantic. Motor mabur wau nama Tikus Ijêm. Anggèning kanamakakên makatên wau amargi ing pinggiraning motor mabur wau mawi dipun gambar tikus ijêm. Motor mabur punika gagrag S-97, mawi motor 3, rikating lampahipun ing dalêm saêjam 450 km. Kiyat ambêkta momotan 37000 kg. Miturut wartos ingkang nunggil dintên wau, ing wanci sontên, motor mabur wau sampun dumugi ing Dakar, têbihing lampah sampun wontên 4500 km, kanthi lampah saêjam 400 km.

Kasangsaran ing Prancis. Nalika kawontênakên papriksan granaat tangan pêtêng gadhahanipunpa kêmpalan C.S.A.R. wontên ing gêdhong laboratorium ing Ville Juif, granaat wau anjêblos, adamêl tiwasing tiyang 14 tuwin nandhang tatu 4. Mayit-mayitipun tiyang ingkang tiwas wau pinanggih risak. Mênggah tuwuhing kasangsaran wau, nalika granaat bêskupan wau badhe kagambar kangge papriksan prakawis, wontên sapêthi ingkang anjêblos, jêblosan pêthi wau lajêng tumular dhatêng pêthi sanèsipun.

AMERIKA SAREKAT.

Rantaman waragad wadya lautan. Miturut wartos, commissie babagan rantaman praja ing bab babagan wadya lautan sampun dipun sayogyani. Dene rantaman wau wontên 549.226.000 dollar.

AFRIKA.

Nayogyani mandhaping pajêg. Ing Mêsir mêntas kawontênakên parêpatan kabinèt, ingriku ministêr babagan arta praja ngusulakên supados ngandhapakên pajêg tumrap têtiyang tani alit ing Mêsir. Bab punika sampun dipun sayogyani.

AUSTRALIE.

Sêsakit lumpuh. Ing Victoria, Melbourne, tuwuh sêsakit lumpuh tumrap lare-lare. Miturut papriksan, lare-lare ingkang kêtrajang sampun wontên 1700. Kathah ingkang dumugi ing tiwas.

--- 163 ---

Wêwaosan

IV Ilya lan Sang Prabu Kalin.

47

3 Pêrang ingkang kaping kalih.

Wontên ing pucaking rêdi Ilya tansah maspadakakên punapunapa. para sadhèrèk sinarawèdi sami dhatêng nêdya ambiyantu ing piyambakipun. Botên watawis dangu saking katêbihan katingal wontên ampak-ampak dhatêng ingkang prasaksat amêtêngi paningal, lan Ilya angraos, bilih sitinipun horêg dening lampahing kapal ingkang andhatêngi punika. Sakêdhap kemawon Ilya sagêd sumêrêp, bilih tiyang ingkang numpak kapal wontên ing ngajêng piyambak punika botên sanès kajawi Samson, lan ing wingkingipun para têtungguling prajurit sanès sawêlas cacahipun. Kalihan swara sora Ilya ambêngoki makatên:

Matur nuwun, sadhèrèk kula sadaya, punapa malih panjênênganipun paman Samson, dene panjênêngan sadaya sampun krêsa mituruti panuwun kula. Panjênêngan sadaya samangke kula aturi nêmpuh mêngsah saking sisih kiwa, lan kula nêdya narajang saking sisih têngên. Sarana tindak ingkang makatên punika, kintên kula, sagêd anumpês sadaya mêngsah punika.

Sakala punika para têtungguling prajurit wau lajêng sami nêmpuh ing yuda, pangamukipun prasaksat banthèng kêtaton. Sarana dêdamêlipun gada tuwin towok, sintên ingkang kataman tamtu sanalika dhawah ing tiwas. Ing kala samantên mêngsah ingkang sami pêjah prasaksat babadan pacing. Ewasamantên kawontênanipun mêngsah botên lajêng têlas, malah saya kathah. Jalaran saking anggènipun tanpa kèndêl anamakakên dêdamêlipun: pêdhang, gada, tuwin towok wau, ing wusana lajêng sami tugêl tuwin pêjah. Kacariyos pun Ilya, sarêng dêdamêlipun tugêl, lajêng nyandhak sukuning mêngsah ingkang gagah prakosa lan agêng inggil, ingkang lajêng kangge dêdamêl anêmpuh ing mêngsah. Sintên ingkang kadhawahan badaning tiyang punika tamtu lajêng tiwas.

Ing kala punika salêbêting manah Ilya angunandika makatên: E, wong iki têka kuwat têmên, awake takênggo gêgaman têka ora pothol êndhase. Sawêg kemawon kèndêl anggènipun angunandika makatên, dumadakan sirahipun tiyang wau ujug-ujug pisah saking badanipun saha andhawahi têtiyang Tatar ing sakiwatêngênipun ngriku, ingkang lajêng sami pêjah sadaya. Ingkang makatên punika adamêl girising têtiyang Tatar, ingkang wusananipun lajêng sami ambucali dêdamêlipun sarta kaplajêng sadaya.

Ing salêbêtipun pêrang rame wau, Prabu Kalin sakeca anggènipun sare wontên ing salêbêting pakuwon ingkang apayon kancana, ing kala punika sang prabu sawêg nyupêna sampun sagêd angrêbat kitha Kiyèph, saha sawêg andhawahakên ukuman kisas dhatêng Prabu Wladhimir tuwin sang pramèswari. Pakuwonipun Prabu Kalin punika dumunungipun sawatawis têbih kalihan papan paprangan, amila sang prabu sagêd sare kanthi sakeca tanpa rêridhu saking ramening pêrang. Nanging ujug-ujug Prabu Kalin kapêksa kêdah wungu kanthi botên sakeca sangêt. Sabab ing kala punika Ilya ujug-ujug lumêbêt ing pakuwon ngriku, tanpa dipun pênggak dening para prajurit ingkang sami jagi. Awit ugi para prajurit wau, jalaran saking girisipun, lajêng sami kaplajêng. Ing salêbêting pakuwon, Ilya lajêng nyêbrak kêlambu papan pasareanipun Prabu Kalin. Sarêng piyambakipun sumêrêp bilih ratuning têtiyang Tatar sadaya sare sakeca, enggal-enggal piyambakipun nyandhak mastakanipun Prabu Kalin, mêndhêt cêmêthinipun sutra ingkang kagêbagakên marambah-rambah dhatêng sariranipun sang prabu sarwi wicantên makatên:

He, Prabu Kalin, saiki rasakna, iki ukumane ratu kapir, kang duwe kêkarêpan nêdya gawe rêgêding omah sukci, iki uga ukumane anggonmu duwe niyat arêp ngrusak dalan-dalan ing kutha Kiyèph, lan anggonmu arêp migunakake gêdhong-gêdhone para panggêdhe ing kene kanggo gêdhogan, lan iki ukumane anggonmu parentah nyang wadyabalamu kang tumindak ala mau. Saiki kowe nêdya takaturake marang Prabu Wladhimir, lan aku mung pasrah marang Prabu Wladhimir, apa kowe bakal diuripi utawa dipatèni. Sabab dosamu marang Prabu Wladhimir sarta sang pramèswari kuwi gêdhe bangêt.

Salajêngipun Prabu Kalin lajêng kacancang ing lapaking kapalipun Ilya, saha lajêng kasèrèt kabêkta lumêbêt ing kitha Kiyèph. Ing wêkdal punika têtiyang ing kitha sampun sami sumêrêp, bilih Prabu Kalin sawadyabalanipun sampun kawon ing yudanipun. Têtiyang wau lajêng sami mêdal wontên ing margi. Saking bingah-bingahipun dene sagêd luwar saking pangêpangipun mêngsah tuwin sagêd wilujêng, têtiyang wau lajêng sami rêrangkulan tuwin tangis-tangisan. Cêkakipun têtiyang sakitha ing kala punika sami abingah-bingah kadosdene nampi ganjaran ingkang tanpa upami agêngipun, dene para pandhitaning agami, kanthi kairing ing tiyang pintên-pintên, sami lumampah ngênêr dhatêng gapuraning kitha prêlu mêthukakên dhatêng para ingkang mêntas anumpês mêngsah wau. Makatên ugi Prabu [Pra...]

--- 164 ---

[...bu] Wladhimir kanthi kadhèrèkakên para pangeran tuwin para bupati, inggih têdhak dhatêng gapura prêlu amêthukakên para têtungguling prajurit wau. Sakala punika korining gapura kabikak, lan para satriya ingkang mêntas mênang juritipun wau, lajêng sami lumêbêt ing kitha. Ingkang numpak kapal wontên ing ngajêng piyambak pun Ilya, ingkang lumampah wontên ing jajaripun Prabu Kalin. Sawingkingipun Ilya, ugi numpak kapal, Samson lan sawingkingipun punika, para têtungguling prajurit ingkang sawêlas. Sadaya dêdamêlipun para prajurit wau, sami risak utawi tugêl tur inggih rêgêd dening balêduk tuwin rah, ewasamantên mênggahing wawasanipun têtiyang ing kitha Kiyèph, botên wontên prajurit ing ngalanngalam. donya ingkang katingal brêgas-brêgas lan ganggas kados ingkang nêmbe dhatêng punika, salajêngipun têtiyang wau sami surak-surak rame, saha nyawuri sêkar.

Prabu Wladhimir lajêng nêlungakên sariranipun ngantos andhap, sarta dhawuh angandika makatên:

Para têtungguling prajurit kang lagi prapta, ingsun ngucap bangêt ing panarimaningsun, luwih-luwih marang sira, Ilya, dene sira kabèh wis angluwari kutha Kiyèph saka tanganing mungsuh, kang anjalari ingsun kabèh padha slamêt, ora kurang sawiji apa. Ingsun anglairake bangêt panarimaningsun, dene sajêroning praja katêkan ing bêbaya kang samono gêdhene, sira kabèh padha enggal-enggal mrêlokake têka awèh pitulungan, kang anjalari greja-greja kabèh ora sida digawe rêgêd, dening wong-wong kapir, mangkono uga para kênya ora nganti kalakon dirusak dening wong kang tanpa agama mau. Apa kang pantês ingsun ganjarake marang sira kabèh. Sira padha amatura dhewe-dhewe, apa kang sira arêpake, ora-orane ingsun sumêdya selak.

Ilya matur: Dhuh, sang prabu, kawula ngaturakên gênging panuwun kawula, dene paduka sampun aparing dhawuh pangandika ingkang makatên wau. Nanging mênggahing kawula, botên angajêng-ajêng tampi paring paduka ganjaran. Awit anggèn kawula anglabuhi pêrang wau, botên sanès mila sampun dados kuwajiban kawula kêdah anjagi kawilujênganing agami kawula, tuwin para golongan ringkih punika inggih pancèn sampun dados kuwajiban kawula, amila kawula lajêng pinaringan kêkiyatan dening Ingkang Kuwaos ingkang samantên punika.

Makatên ugi para têtungguling prajurit sanès-sanèsipun, inggih sami anglairakên têmbungipun, botên sami melik dhatêng ganjaran, anggènipun sami purun tumut-tumut pêrang wau, namung lugu badhe anglabuhi Ilya tuwin Praja Ruslan.

Salajêngipun satunggal-tunggaling têtungguling prajurit wau sami kaparingan kadhaton piyambak-piyambak, saha dipun parêngakên migunakakên arta nagari kanthi sapurun-purunipun. Sasampunipun sang prabu lajêng andhawuhakên dhatêng têtungguling prajurit wau sadaya, supados sami lumêbêt ing kadhaton, amargi sang prabu kagungan sêdya badhe ngawontênakên pahargyan agêng-agêngan, minôngka kangge angurmati anggèning kitha Kiyèph luwar saking pangêpangipun mêngsah wau. Botên namung samantên kemawon ingkang dados karsanipun sang prabu. Malah ing kala punika ugi amanggalih dhatêng para kawulanipun sadaya, amila sang prabu lajêng andhawuhakên supados aparing ganjaran pangangge utawi paring têdha dhatêng sadaya para kawula. Sasampunipun dhawuh mangandika makatên wau Prabu Wladhimir lajêng anguculi bêbandanipun Prabu Kalin, ingkang lajêng dipun gandhèng, sarta kabêkta lumêbêt ing kadhaton.

Nanging Prabu Kalin lajêng enggal-enggal sumujud ing sampeyanipun sang prabu, sarwi amatur makatên: Dhuh, gusti Prabu Wladhimir, mugi krêsaa paring pangapuntên dhatêng kula tuwin wadyabala kula sadaya, dene kula sadaya kumawani badhe tumindak awon dhatêng panjênênganipun sang prabu tuwin sang pramèswari. Adrêng panuwun kula dhatêng panjênênganipun sang prabu, mugi-mugi kula sampun kadhawahan ukuman kadosdene niyat kula anggèn kula nyiksa panjênêngan tuwin sang pramèswari. Kanthi wêlas Prabu Wladhimir angandika makatên:

Prabu Kalin, panjênêngan botên prêlu ajrih tuwin kuwatos. Sanès adat tatacaranipun ing praja Ruslan ngriki, andhawahi ukuman pêjah dhatêng mêngsah ingkang sampun nungkul. Nanging wiwit dintên punika ugi salajêngipun panjênêngan sabên taunipun kêdah asok bulubêkti dhatêng kula. Kajawi punika panjênêngan kêdah angluwari para kawula tiyang Ruslan ingkang panjênêngan tawan.

Prabu Kalin angaturakên gênging panuwunipun dhatêng kasaenanipun Prabu Wladhimir, saha lajêng adamêl sêrat prajangjian bilih ing salajêngipun praja Tatar sabên taunipun kêdah asok bulubêkti dhatêng praja Ruslan.

Pahargyan ingkang dipun wontênakên ing kadhaton minôngka angurmati luwaripun kitha Kiyèph saking pangêpangipun mêngsah wau, ngantos tigang dintên tigang dalu dangunipun. Dene wiwit punika namanipun Ilya saya kawêntar. Badhe kasambêtan.

Wara-wara

Sarèhning kala dintên Rêbo kapêngkêr nyarêngi pahargyan wiyosanipun putri Beatrix Wilhelmina Armgard wêdaling Kajawèn ing dintên wau kaundur kasarêngakên wontên ing dintên punika.

Dados Kajawèn ing dintên punika nomêr 10 kalihan 11.

Andadosna kauningan.

--- [165-167] ---

EWAH-EWAHAN UKURAN

Sambêtipun Kajawèn No. 9

Manawi barang sapikul rêginipun samantên, pintên rêginipun 100 kg ?

[Grafik]

--- 168 ---

[Grafik]

Kadhaton ing Soestdijk.

--- 17 ---

Nomêr 5, 5 Pèbruari 1938, taun III.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Rêbo.

Suwarga Nunut.

Nuwun, para nupèksi mêsthi sampun sami mangrêtos punapa ingkang dipun pikajêngakên, têmbung suwarga nunut punika, botên sanès tumemplok ing angganing para wanita. Ananging botên wontên awonipun bilih ing Jagading Wanita, kula badhe angrêmbag utawi angandharakên bab têmbung suwarga nunut ingkang kados kasêbut ing nginggil.

Têmbung suwarga nunut, punika mênggah wêtahipun saking têmbung suwarga nunut naraka katut, ingkang atêgês, para wanita punika suwarganipun nunut dhatêng kakung, punapadene narakanipun ugi katut. Mênggah têrangipun, bokbilih ingkang kakung apangkat wêdana, rayinipun angsal sêsêbutan radèn ayu wêdana, manawi apangkat mandhor, lajêng kasêbut bok mandhor, makatên ugi manawi ingkang kakung anindakakên ingkang kirang prayogi, ngantos dipun lèrèhi saking padamêlan, ingkang rayi ugi tumut angraosakên ing kasusahanipun ingkang kakung, makatên sapiturutipun.

Cêkak aosipun, bilih ingkang kakung manggih kabingahan, ingkang rayi tumut bingah, makatên ugi manawi manggih kasusahan, inggih tumut angraosakên.

Manawi nitik katêrangan ing ngajêng, bilih suwarga punika atêgês kabingahan, tuwin naraka punika atêgês kasusahan. Dados têmbung suwarga nunut naraka katut punika botên tumuju dhatêng sadhengahing para wanita kados ingkang sampun kalimrah. Awit manawi kula tingali kawontênan ing jaman sapunika, lajêng nukulakên pangudaraos kados ingkang kasêbut ing ngandhap punika.

1. Manawi kakung ingkang dados bêbakuning griya, inggih punika ingkang nyambut damêl (pados rijêki) punika wontên lêrêsipun. Ananging sarêng ing jaman kamajêngan, jaman modhèrên, kathah para wanita ingkang dados bêbakuning griya, inggih punika ingkang pados rijêki, punapa inggih kenging katêmbungakên wanita iku suwarga nunut naraka katut, mêsthinipun inggih botên, lajêng kosokwangsulipun.

2. Manawi wanita ingkang dados bakuning griya

--- 18 ---

upaminipun apangkat guru, punapa ingkang kakung angsal sêsêbutan pak guru utawi dara guru, kados-kados inggih botên (punika ingkang limrah).

3. Punapa malih para wanita ingkang dèrèng kawêngku ing kakung, lajêng saya têbih kalayan têmbung ingkang dados bakuning andharan.

Manawi pangudaraos tigang bab ingkang kasêbut ing nginggil punika dipun jalimêt saking sakêdhik, cêtha sangêt bilih têmbung suwarga nunut punika tumuju dhatêng angganing para wanita ingkang kawêngku ing kakung, ingkang suwarga ing ngriki atêgês pangkat.

Sampun, nuwun, namung punika atur andharan kula, kenginga kangge wêwahan isinipun Jagading Wanita ingkang sakalangkung pèni punika.

Biyang Sadhala, Kabongan.

Udud (Sês).

Sampun dados kalimrahan sabên wontên priyantun kagungan prêlu, para tamunipun têmtu dipun aturi sêgah sês, dipun aturakên sabên satunggal mêndhêt satunggal, tuwin ing ngriku ugi sampun dipun sadhiyani rèk, dados sabên mundhut limrahipun inggih lajêng têrus dipun sumêt dipun sês. Manawi ingkang kagungan prêlu wau taksih kagolong priyantun kina, ingkang griyanipun inggih cara kina, liripun mawi griya ngajêng (pandhapa) lan griya wingking, tur rawuhipun para tamu inggih cara kina liripun ulêm jam 7, rawuh jam 10, tur botên mawi watêsan bibaripun, lênggahipun tamu kakung kalihan putri botên kêmpal, punika bab sês wau kêlukipun botên patos kêtawis, jêr rawuhipun para tamu srênti, lêtipun ngantos jam-jaman.

Nanging manawi ingkang kagungan prêlu wau priyantun modhèrên ingkang ulêmipun inggih sampun modhèrên, wiwit jam samantên dumugi jam samantên bibar, punika rawuhipun para tamu adatipun inggih sêsarêngan, wontêna ingkang kantun namung satunggal kalih. Lajêng dalêmipun inggih modhèrên, liripun prasaja ringkês, lênggahipun tamu putri kakung kêmpal dados satunggal, pisah-pisahipun namung bangsaning satunggal mètêran têbihipun, tur tanpa aling-aling barang-barang, punika bab sês wau kêlukipun katawis cêtha sangêt anggènipun kumêndhêng, yèn dipun tingali saking sanginggiling sirah, ngantos kados pipa pabrik ingkang nêmbe giling. Satêlasipun sês sêgahan lajêng gêntos sês sangunipun piyambak-piyambak, mila gandanipun inggih lajêng warni-warni sangêt, manut punapa ingkang dipun sês, upaminipun: siyong, krètèg, sigarèt, srutu, trêkadhang anggônda klêmbak utawi pucuk, malah wontên ingkang klobot tur sampun ngêndhog.

Nuwun, bab makatên wau mila prêlu kula aturakên ing ngriki, mênggah kajêng kula kalayan sangêt panuwun kula dhatêng para sêdhèrèk kakung, bok inggih kagungan wêlas sakêdhik dhatêng cakêtanipun lênggah, mugi kauningana, bilih dèrèng sadaya èstri karsa sês. Wontêna inggih mêksa dèrèng ngêbêb makatên, jêr manawi kaladuk lajêng ngêlu, punapa malih ingkang botên karsa babarpisan botên tahan, yêktosipun manawi golongan kakung karsa nolih wingking sakêdhap kemawon têmtu lajêng mangrêtos [mangrê...]

--- 19 ---

[...tos] bilih tanpa èstri badhe kêcipuhan yêktos. Amila panyuwun kula mugi sampun sangêt-sangêt daknang, manawi nuju kêmpalan makatên sampun priyantun dasanan minggahipun atusan sês sarêng-sarêng sadaya, kula aturi ngèngêti cakêtanipun lênggah, èstri punika sarwa ringkih. Wusana mugi kapanggaliha, namung punika atur kula.

Landêp.

Patrap Pratikêlipun Andamêl Êmi Adèn.

Êmi adèn punika namung ngêmungakên prêlu minôngka sadhiyan kalamôngsa bokmanawi kagungan karsa kêpengin dhahar mi (bakmi) môngka adêdalêm ing dhusun ingkang têbih kalihan toko panyadean mi, dados botên tumrap upami kangge panggaotan: kasade, dening pirantosing pandamêl sakalangkung beda kasamêktanipun. Mênggahing pandamêlipun mi adèn (cumpèn) kados ing ngandhap punika:

Glêpung gandum 1 katos, lajêng dipun jurana lan toya sarêm, asinipun kawatawisana namung mônda-mônda kemawon, sasampunipun waradin, lajêng kacampura kalihan ublakan tigan ayam kalih iji mawi kawoworana lisah klêntik tulèn utawi inggih anggêripun sampun kayêktèn yèn gurih saèstu, manawi sampun kaulenan, lajêng kagêbluga ing têlênan ingkang ngantos mêmêt, tumuntên kaglintirana kinintên-kintên gêngipun sakêmiri, lajêng kagilêsa kalihan barumbungan bumbung wungwang ingkang sampun kausap-usapan galêpung gandum waradin, manawi panggilêsipun sampun tapis tipisipun waradin, tumuntên kasasabana wur-wuran galêpung gandum inggih ingkang ngantos waradin, lajêng kagulunga, tumuntên karajanga miring, ingkang kêpara lêmbat, ladingipun ingkang tipis lan landhêp (prayoginipun angagêma lading dhahar), pangastanipun gulungan lempengan galêpung wau ingkang anggang-anggang kemawon, kados makatên ing salajêngipun ngantos satêlasipun ulenaning galêpung wau. Rajangan-rajangan wau lajêng kacêmplungna ing wedang umob mumpal-mumpal ingkang taksih mangkrang (ing wajan utawi panci), bilih panyêmplungipun rajangan gandum wau sampun sami kombul pating krampul, punika mratandhani yèn sampun matêng, tumuntên kaêntasa mawi erok-erok (ingkang prayogi erok-erok dêling) kawadhahana ing kalo rumiyin murih toyanipun sagêd atus. Manawi sampun sawatawis, kenging ugi lajêng kadadak dipun olah: mi gorèng punapa godhog. Manawi sêdya kadangokakên, lajêng kajèrèngana dipun tata pêpulêtan, agêng alitipun kawatawisa: nyapalih èpèk-èpèk, papaning panjèrèng mawia sinasaban wur-wuran galêpung supados botên krakêt, tumuntên kapepea ingkang ngantos garing ngalingking. Bilih badhe karsa kaolah bakmi, mawi dipun kuma ing wedang rumiyin, bilih kagêm rêmikan, lajêng kagorènga gêgaringan kemawon, raosipun kumrêmês gurih kados kêrupuk urang, kagêm rêrangkèn lawuhan dhahar inggih ugi prayogi.

Nyai Pranata.

--- 20 ---

Kawung Robyong.

Kawung robyong punika kenging dipun wastani pamoring kawung pêthak tuwin kawung cêmêng punapadene kawung ingkang mawi sogan, isi sawut cêcêk. Sinjang makatên punika manawi kalêrêsan panyêratipun, wujudipun sakalangkung pèni, awit sadaya sarwa katingal cêtha. Dene pèninipun yêktos, manawi cêmêngipun wau dipun angge biru ênèm, inggih punika wêdêlan ênèm (wêdêlan dèrèng sêpuh).

[Grafik]

Pandamêling wêdêlan biru ênèm punika makatên: sakawit sêratan dipun wêdêlakên namung sakêdhap, dados botên prêlu ngantos sêpuh. Sasampunipun makatên lajêng dipun bironi, inggih punika biru ingkang kangge ênèm wau dipun tutup ing lilin kadosdene nembok, lilinipun lilin cêmêng. Lilin cêmêng punika lilin campuran, asli jênangan saking lilin lorodan. Ingkang dipun wastani lilin lorodan, punika lilin asli saking luluhaning lilin sinjang nalika dipun babar, ambabar sinjang punika dipun wastani: nglorod.

Manawi anggèning nembok biru ênèm wau sampun rampung, lajêng dipun wêdêlakên malih, supados tumrap wêdêlan ingkang kangge sêpuh dados sêpuh yêktos.

Nama robyong, punika têgêsipun wêwarnèn ingkang rembyak-rembyak, makatên ugi ing bab sinjang kawung robyong, ugi gadhah kajêng makatên. Sinjang wau manawi dipun tingali sadlerengan katingal pating pênthalit alang-ujuripun, nanging manawi sampun dipun tamatakên lajêng katingal bakunipun ingkang adamêl sae, inggih punika wontên ing jêjêr ingkang lajêng dados mrapat. Ing ngriku katingal pranatan wau pinanggih thukul saking latar pêthak, latar cêmêng tuwin sogan.

Sinjang kawung robyong punika kêgolong sêratan anggitan enggal, sagêd ugi tuwuhipun sasampunipun wontên kawung latar cêmêng. Dene bab pamangunipun sêratan, punika tumrap ingkang mangrêtos, sagêd damêl wangun piyambak.

Sayêktosipun nyêrat kawung kados makatên punika, makatên ugi nyêrat kawung limrah, asring dhumpyuk, mila panyêratipun kêdah ngatos-atos.

Namung mênggah luguning manggènipun, sinjang kawung robyong wau dados anggèn-anggèning para anèm, manawi dipun angge ing para sêpuh, limrahipun dipun wastani kêberagên.

--- [21] ---

No. 6, 5 Februari 1938, Taun IX

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI : BU MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CÈNTRUM. RÊGANE SATAUN f 1.50, KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

TUKANG KUWIH ING DAMUSKUS.DAMASKUS.

(Candhake).

Barêng Samsudin krungu kandhane si Bucu mau, banjur anduwèni pangira manawa wong mau rada gêndhêng, nuli calathu: "Ayo ngadêga lan enggal lungaa!"

Si Bucu mangsuli: "O, kula botên badhe kesah saking ngriki, awit srêngengenipun dèrèng mlêthèk. Kucing, lêmbu tuwin jim garwanipun ingkang putra, sampun sami ngawisi kula kesah saking ngriki ing sadèrèngipun srêngenge mlêthèk."

Tanpa ngandika apa-apa manèh, kyai patih banjur nyêkêl sikile si Bucu nuli diêdêgake. Dumadakan si Bucu bisa lumaku lan banjur malêbu mênyang kêdhaton. Ing kono banjur ngaturake kabèh kang wus dilakoni kanthi lucu nganti sang ratu gumujêng.

Kacarita Saira susah bangêt, jalaran bojone digolèki nyang êndi-êndi, mêksa ora kêtêmu. Barêng bapakne Samsudin bali, banjur njaluk katrangan marang Saira, bab lêlakon kang anèh dhèk bêngine lan têtêmbungane si Bucu. Wis mêsthi bae Saira ora ngêrti bab anane jim lan sapi. Sing diwêruhi mung jaka bagus kang nêpungake lan ngaku yèn dhèwèke mau sajane pangantène lanang sarta bêngine nginêp ing kono.

Ing sarèhne kyai patih ora marêm krungu wangsulane Saira kang mêngkono mau, Saira nuli nuduhake panggonane sing lanang kang ditinggal lan banjur calathu: "Rama, bokmanawi pangangge punika kenging kangge katêrangan bab tiyang ingkang dhatêngipun saha kesahipun kanthi nyalawados wau."

Ing sakawit sêrbane Barudin dipriksa. Miturut bakal lan rêrênggane sêrban mau, mêrtandhani manawa wong kang anduwèni iku, wong bangsa luhur dudu wong cilik lan dudu wong ing kutha kono. Barêng kyai patih wis antara suwe anggone ngiling-ilingi sêrban mau, dumadakên wêruh yèn satêngahe bakal lan rangkêpane ana barang kang didondomi, amrih primpêne. Kyai patih nuli kongkonan anjupuk gunting. Barêng dondoman mau wis didhèdhèli (diuculi), ing kono kyai patih nêmu buku cilik. Buku mau duwèke Nuridin kang diwènèhake marang anake, nalikane krasa yèn arêp mati. Samsudin ora pangling marang tulisane adhine. Bangêt gumune barêng wêruh tulisan kang surasane mangkene:

Marang anakku lanang Barudin Hasan.

Sawise wêruh lan maca tulisan mau, Samsudin nuli ambêngok saking gumun lan sênênge, banjur lungguh, sawatara suwe ora eling.

Saira akèh-akèh pitakone apa sababe têka ujug-ujug ambêngok mangkono. Kyai patih nuli maca isining buku mau nganti rampung. Saiki ngêrti, manawa dhaupe barêng sadina karo adhine lan laire Barudin lan Saira mangkono uga. Samsudin sênêng bangêt, dene anggone dadi sadulur bakal ora ilang babar pisan.

Ananging kasênêngan mau kandhêg dening anggone banjur kèlingan, manawa anake adhine, yaiku Barudin Hasan, saiki ilang. Andadèkake bingunge Samsudin lan sarèhne ora gampang anggolèki mantune mau, mula banjur niyat sowan sang ratu, ngaturake priksa kabèh kaanane lan nyuwun pitulungan, kapriye rekadayane amrih bisane kêtêmu.

Sang ratu maringi pangapura marang kyai patih, panggalihe wis mari duka. Sarèhne critane sing dikandhakake kyai patih mau elok bangêt, mula banjur andhawuhi nyathêti, pêrlu disimpên kanggo pangeling-eling besuk turun-turune.

Kyai patih kongkonan sakèhing para kawulane nggolèki nyang ngêndi-êndi, nanging mêksa ora kêtêmu. Barêng lêt antara lawas kira-kira 9 sasi, Saira duwe anak mêtu lanang, banjur dijênêngake Agib, kang atêgês: "elok".

Kacarita Agib iku uga bagus rupane lan nêmbe bae sawatara taun umure, wis ketok manawa bocah pintêr. Mulane disihi bangêt dening ibu lan êmbahne lanang.

Barêng Agib wis umur 7 taun, banjur disêkolahake [disêko...]

--- [22] ---

[...lahake] marang guru, kang misuwur bangêt jênênge. Kang ngêtêrake lan mêthuk sabên dinane, batur tukon loro. Agib uga dolanan karo kanca-kancane, ing sarèhne kanca-kancane ora padha asline karo Agib, mula padha ngajèni bangêt marang Agib.

Mêngkono uga gurune nglarangi samubarang kang ora wênang ditindakake tumrape murid liya-liyane, nanging upama Agib sing nglakoni, iya ora wani ngelikake. Patrap kang mêngkono mau agawe rusake Si Agib.

Dhèwèke banjur nyênyêngit sarta anduwèni watak gumêdhe lan gawene nyiya-nyiya kanca-kancane, nanging ora gêlêm kêcênthok, prasasat ora kêna kapidak layangane. Kabèh mêsthi dikongkoni, upama ana sing ora gêlêm dikongkon, banjur dipisuhi utawa diantêmi lan dipênthungi. Bocah-bocah ora tahan ngrasakake kênakalane si Agib, wêkasane banjur padha madulake marang gurune. Ing sakawit gurune mituturi supaya sing padha sabar bae, nanging barêng wêruh dhewe, manawa Agib saya bangêt nakale, banjur calathu mangkene marang murid-muride: "Bocah-bocah, aku wis wêruh dhewe, yèn Agib iku bocah kang ndhugal bangêt. Kowe bakal dakpituturi, kapriye akale anggone gawe sêrik marang Agib, supaya dhèwèke ora manèh-manèh mbeda kowe kabèh. Yèn dhèwèke sesuk-esuk têka lan arêp dolanan karo kowe, kowe kabèh banjur padha ngadêga dadi sakalangan, ngubêngi Agib. Salah siji kudu muni mangkene: "Ayo padha dolanan, nanging siji-sijine kudu ngandhakake jênênge dhewe lan jênênge wong tuwane. Sing sapa ora gêlêm ngandhakake, ora kêna milu dolanan." (Ana candhake).

KEWAN-KEWAN SÊSÊMBAHANE BANGSA INDHU

Kewan-kewan kang disêmbah bangsa Indu kang manggon ing tanah Indu iku, ana rong warna, yaiku sapi lan kêthèk. Ing kutha gêdhe-gêdhe, kaya ta Bombay lan Calcutta sapi-sapi padha diumbar, saba turut dalan sakarêpe. Wong-wonge ing kono padha angajèni bangêt, sanajana mlarat kaya apa, nanging manawa tumrap sapi mêsthi gêlêm kelangan lan bangêt anggone mêrlokake.

Pangonan kang bangêt disênêngi dening kewan-kewan mau yaiku pasar sayuran. Upama sapi mau digusah saka kono, banjur dianggêp ora ngajèni, sarta dianggêp nyêbal tatacara. Wong kang durung ngêrti nyang cara-carane tanah kono, mêsthi ngira yèn pasar iku pasar kewan, dudu pasar sayuran, awit kêbak sapi.

Kabèh sapi ing kono, anggone mangan sajrone sêtaun kira-kira êntèk 300 milliun rupiyah, wah ora sêthithik ya cah?

Upama ana sapi têturon ana pinggir dalan, babar pisan ora ana wong wani nggusah, malah aluwung mênêngah anggone padha lumaku nyang panggonan kang rame akèh motor lan tram, tinimbang karo ngregoni palerenane si sapi.

Akèh bae wong-wong saka tanah liya, kang durung ngêrti nyang tatacarane wong-wong Indu, banjur nggusah kewan mau kang lagi ngaso. Iku andadèkake nêsune para wong-wong ing kono, banjur dikrubut nganti dadi tiwase.

Anuju sawijining dina ana sapi lagi turu ing têngah dalan, kabèh têtunggangan, kaya ta motor tram lan liya-liyane banjur kêpêksa diêndhêgake ora kêna nêrusake lakune.

Ora sapine thok sing dipundhi-pundhi, nanging tlethonge uga kanggo tambahtamba. sawêrnaning lêlara. Kêrêp bae wong-wong kang wis lara bangêt banjur digosoki nganggo tlethong mau.

Kêthèk uga kewan kang dipundhi-pundhi lan... ngrisèni bangêt. Anggone padha mundhi-mundhi miturut dongèng kang nyaritakake, manawa Dewa Rama, nalika arêp ngrêbut pulo Ceylon, ditulungi dening ratuning kêthèk, Ratu ing Ceylon iku jarene sirahe 16, kang upama dikêthok kabèh, ya bisa enggal thukul manèh. Dadi Dewa Rama rumasa ora bisa bakal mênang upama ora ditulungi dening kêthèk mau. Sabab saka kuwi wong Indu banjur mundhi-mundhi bangêt marang kabèh kêthèk sarta kêthèk-kêthèk uga padha ngêrti yèn padha diajèni, mulane ya banjur ora ana sing diwêdèni. Yèn wêruh panganan ana sangarêping wong, ya wani anjupuki sakêpenake ora nganggo menga-mengo sarta ora ana wong kang wani ngaru-biru. Samono pamundhi-mundhine wong Indu marang sapi lan kêthèk.

KARAMEAN NGURMATI PAMBABAR DALÊM INGKANG MINULYA PRINSÊS JULIANA

Bocah-bocah, mêsthine ing panggonanmu uga dianakake kêramean pêrlu ngurmati pambabar dalêm Ingkang Minulya Prinsês Juliana. Wah, ing Bêtawi ramene sasayahira kae.

Dina Sênèn kira-kira jam 5.15, barêng sirene Aneta diunèkake, nandhakake manawa panjênêngane Ingkang Minulya Prinsês Juliana ambabar, dalan-dalan sanalika rame saha untabing wong ora karu-karuwan, dene parane ya mbuh padha nyang êndi.

Bu Mar nalika iku lagi ngombe wedang karo rama lan ibu Petruk lan lagi padha ngêndikan, gèk kapan panjênêngane Sang Putri Juliana anggone ambabar. Dumadakan sirene Aneta muni, têrus Bu Mar apadene ramamu lan ibumu Petruk tata-tata, milu bae kaya wong-wong mêtu saka ngomah mlaku-mlaku têkan Pasarbaru. Ing kono kabèh toko-toko dipajang sarwa èdi, mungguh cara Banyumas mêngkono "sêmangêr" bangêt. Murid-murid sêkolah gêdhe cilik pating

--- [23] ---

sliwêr nunggang sêpedha, ana sing padha nunggang motor, padha mênyanyi turut dalan, ketok gumbira bangêt, ora mung murid-murid bae, nanging nyonyah lan Landa-landa uga akèh sing mênyanyi nandhakake gumbirane. Dene ing ngarêp pura G.G. dianakake taptu. Untabing wong-wong ing dalan-dalan nganti wêngi tanpa lèrèn.

[Grafik]

Arak-arakan lampion (ting).

Esuke ing greja dianakake sêmbahyangan.

Kira-kira jam 12 ing klênthèng (ing Bêtawi ana papat klênthène kang gêdhe-gêdhe) uga disêmbahyangake lan uga ing mêsjid-mêsjid (mêsjid gêdhe ana sanga).

Kira-kira jam 6.45; dianakake arak-arakan lampion (ting) murid-murid Mulo, Ambachts. Technische lan vakscholen. Wah ramene ta, wis ora karu-karuan. Bu Mar anggone ngadêg ndêlok bae ana rong jam dhewe.

Jam sanga banjur ndêlok mêrcon lan kêmbang api, nèk iki pangrasaku ya padha karo nalikane ana ing pasar Gambir.

Esuke jam 8 dianakake arak-arakan motor-motor kang dipajang (Bloemencorso). Cacahe ana 21, tumrape kutha Bêtawi iki kurang akèh. Sêlikur iji mau ora ana sing èlèk, dibagi ana patang bagian, yaiku Landa, Tionghoa, Arab lan wong bumi. Bagian siji-sijine padha entuk prijs. Bagian Landa sing entuk prijs No. 1 rupa jamur, ing ngisore ana wong-wong bajang (65 rupiyah), prijs no. 2, rupa kuwuk (30 rupiyah), prijs no. 3, rupa bango (20 rupiyah), prijs no. 4 samotor isi nonah-nonah mênganggo oranyê padha sênêng-sênêng mênyanyi (15 rupiyah).

Bagean wong bumi sing entuk prijs no. 1, rupa omah Minangkabau lan no. 2 wieg nganggo kroon.

Bagean Tionghoa sing entuk prijs no. 1, wujud sêsawangan kêbak kêmbang.

Bagean Arab sing entuk prijs no. 1, wujud unta, ditunggangi dening sawijining sheik, rupane gêdhe dhuwur kaya kingkong, kadhèrèkake dening para cèthi ayu-ayu, prijs no. 2, pyramide dalah wit palm.

Dene sing entuk hoofdprijs saka bagean Landa, wujud kaya kreta, sing nunggangi ana nonahe kang mênganggo cara wayang wong nyêkêl tampah isi pari.

Ing dina iku uga dianakake balapan sport lan arak-arakan murid-murid pamulangan H.I.S., Lagere Scholen, Tionghoa lan liya-liyane. Wah cêkake sing nontong apadene sing ditonton ketok padha gumbira kabèh.

--- 24 ---

KUTHA SINGAPUR.

(Candhake).

Nèk wis kira-kira ana 3 mênit, viole têrus ngetokake lagu kaya "marsch", anggone njogèd dadi rame, polatane, jlalatan, tangane sraweyan, upama wong Amerikan mêsthi ngarani "hot".

Sajêgku urip aku lagi njogèd sapisan, amarga sing nanggap panggêdheku dhewe, dadi aku rumasa 3/4 "diprentah alus".

Aku arêp-arêpan karo sang "jogèd", wiwitane rasane adhêm-panas, ning sujune aku têrus mata gêlap, lali yèn aku ana ing Tanah Mlayu, rumangsaku ana ing Hawaii, sanalika têrus ngetokake "hula-hula dance," andadèkake gêr-gêrane wong-wong sing padha nonton, mangka ora sathithik. Jarene anggonku njogèd... "macêm ular" -sababak kira-kira ana 5 mênit.

Kasênêngane wong sugih ing Singapur kajaba dhangsah ing "Cabaret, nglangi ing swimming pools," lan sapanunggalane, ana manèh, ya kuwi... mabur. Aku ya mèlu... ngingêtake saka ngisor lan ngrungokake glêrênge motor-motor, ngangên-angên suk kapan aku bisa mabur kaya Gathutkaca.

Yèn ora ana ing gêgana anggone golèk "pastime" (buwang wêktu) ana ing sêgara, padha nunggang prau layar ("Jacht") cète putih, nêngsêmake bangêt, utawa "pic-nic" mênyang grojogan kira-kira 30 mil saka Singapur. Tumrape aku dhewe grojog-grojogan sak ngalam donya kuwi ora ana sing ngungkuli Sarangan.

Kasênêngan tumraping umum, sing disênêngi bangêt dening wong-wong gêdhe, cilik, nom, tuwa, lanang lan wadon ana ping 4 sêtaun, ya kuwi balapan jaran, dianakake dening "Singapur Turf Club". Kiraku saèmpêr balapan jaran ing Derby, nêgara Inggris, nganggo totohan dhuwit barang, ning sing olèh milu mung para wargane club bae. Anggêr "meeting" uga nganakake kaya lotre, saêlot rêgane 5 dollar, dene yèn nomêre jaran cocok, bisa olèh $ 25.000.- kanggo prijs No. 1.

Standstuin ing Singapur sing gêdhe dhewe jênênge "Botanical Gardens", mèmpêr "s' Lands Plantentuin" cilik-cilikan. Anggêr wong anyar "kota-kota" ing Singapur mêsthi digawa mrono dening sopire. Kadhingkala ing "Botanical Gardens" uga dianakake musik kanggo dangsah kaya ing standstuin-standstuin Tanah Jawa, sing main "military Band". Ana manèh kêbonan ing Singapur luwih, cilik, jênênge, "Alkaff Gardens", asrine lumayan, sing gawe wong Arab kêsuwur sugih, jênênge: Mr. Alkaff. Ing jêro kono ana tlagane gawean (kunstmatig) nganggo krêtêg, dientha kaya krêtêg Jêpun. Ana Candhake.

WATAK KANG AMBÊG JULIG (WALÊS-WINALÊS).

Wontên kucing lan sêgawon mêmitran wiwit alit. Nuju satunggiling dintên sami ngenggar-enggar manah, rèhning sami ngêlih, kalêrêsan wontên pêksi gagak langkung nggondhol dhèndhèng; rèhning sêgawon punika ingkang kathah-kathah kadunungan watak julig, pramila kabêkta saking kawontênan ingkang makatên, lajêng tuwuh lan ugi migunakakên akalipun ingkang julig kalawau, tumuntên nguwuh-uwuh dhatêng gagak makatên: "He, gagak mitraku kang sêtya tuhu lan kang ngganthêng, mendahnea upama kowe gêlêm mèsêm, saya yèn gumuyu, mêsthi saya muwuhi brêgas lan cakrakmu, wah manèh kaimbuhan ulêsmu kang nyambèr lilèn.

Gagak ingkang kirang wêweka wau, sarêng mirêng pangalêm ingkang makatên wau, botên nyana manawi sadaya pangalêm wau ingkang kathah mawa pamrih, milanipun saking botên ngêrtosipun bab wau, manahipun tumuntên mongkog, sumêdya mituruti. Nanging kojur, dene nêmbe kemawon mangap, dhèndhèngipun lajêng dhawah, andadosakên bingahing para mitra kêkalih wau.

Nanging ndilalah kilap saking punapa. Dene watak ingkang julig kalawau ingkang kathah lajêng gêgandhengan kalihan angkara-murka, makatên ugi pun sêgawon, sarêng dhèndhèng dhawah, lajêng rêbatan kalihan kucing, gêntos kawon lan gêntos mênang cokot-cinokot.

Kalêrêsan ingriku wontên singa (leeuw) ingkang pinuju langkung, lajêng pitakèn: "Lagi padha apa?"

Wangsulanipun mitra kêkalih, sami rêbat lêrêsipun piyambak-piyambak.

Singa lajêng criyos makatên: "Rèhne aku dhewe ora sumurup mulabukane, dadi aku sing wajib ngêdum kang kalawan adil, yèn ora nurut kowe kabèh bakal dakmangsa."

Mitra kalih lajêng miturut, kabêkta saking ajrih, singa lajêng ngêdum mawi timbangan (traju). Pundi ingkang awrat dipun cuwil, kamangsa. Makatên salajêngipun ngantos têlas. Mèh kemawon pun sêgawon lan kucing katut kamangsa pisan. Lah makatên kadadosanipun watak ingkang ambêg julig lan angkara-murka.

Iace.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]