Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03, #1667

Katalog:Kajawèn, Balai Pustaka, 1938, #1667
Sambung:
1.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1509.
2.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1510.
3.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1511.
4.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1512.
5.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1513.
6.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1514.
7.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1515.
8.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1516.
9.Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11, #1667. Koran, Majalah dan Jurnal | Kajawèn #1517.

Ôngka 18, Rê Lê, 30 Bêsar Jimawal 1869, 2 Marêt 1938, Taun XIII

Kajawèn

[Iklan]

--- [261] ---

Ôngka 18, Rê Lê, 2930. Bêsar Jimawal 1869, 2 Marêt 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Tanggap Warsa - Adêging Tugu Pèngêtan ing Salatiga - Bab Gôngsa - Kawontênan ing Tiongkok - Pilêm Kolonisasi - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Tanggap Warsa Jimawal 1869

Silêming taun Ehe 1868 dhawah wontên ing dintên Rêbo Lêgi, kêsundhul gumantosing taun Jimawal 1869 tinampi ing dintên Kêmis Paing, taksih môngsa kasanga.

Miturut lampahing môngsa, taksih winêngku ing môngsa jawah, ing pundi-pundi kèbêkan toya, sumur-sumur pinanggih cèthèk, kantun nyawuk toyanipun. Kawontênan punika mugi dadosa pasêmon, bilih ing taun Jimawal punika badhe sarwa mirah sandhang têdha.

Palêthèking taun Jimawal punika, araos anèm mênggahing taun, namung tumraping tiyang, rumaos sampun ngancik ing taun enggal, atêgês umuripun saya mindhak sêpuh. Indhaking umur wau, tumraping lare sagêda kabuka ing manah anggèning badhe ngambah pasinaon. Tumrap lare ingkang sampun ngumur, sagêda anglênggahi anggèning sampun wiwit tumapak ing kadiwasanipun, sagêda nyumêrêpi tuwin angambah wontên ing jaman ramening donya, saha pangambahipun sagêda wilujêng kanthi kabagyan. Dene tumrap para sêpuh sagêda ngêlon-loni anggèning badhe sèlèh bêbêktan, wusana amanggih ènthèng tuwin padhang ing batos.

Kajawèn sakukubanipun anglairakên raosing manah, mugi tumapaking taun Jimawal sagêda damêl pirênaning para maos. Kasêmbadaning sêdya wau atêgês: wilujênging sadayanipun.

Amin.

--- 262 ---

Adêging Tugu Pèngêtan ing Salatiga

Sambêtipun Kajawèn nomêr 17.

Satêlasipun lagu Wilhèlmês, panjênênganipun pangarsa P.P.B., kajarwa nginggil lajêng ngaturi Paduka Radèn Ayu Pangeran Arya Sunarta, mugi karsaa masang sela ingkang kawitan minôngka adêging tugu. Panjênênganipun Radèn Ayu Pangeran ugi lajêng karsa nindakakên saprêlunipun. Sarampungipun masang kinurmatan ungêling bom tuwin musik lagu Wilhèlmês.

[Grafik]

Nyonyah asistèn residhèn nuju anggunting pita oranyê.

Sarêng ungêling musik sampun kèndêl, panjênênganipun pangarsa P.P.B., lajêng nyuwun dhatêng panjênênganipun Radèn Ayu Adipati Arya Purbadiningrat, mugi karsaa ambikak ulêsing tugu. Panjênêngan Radèn Ayu Adipati Arya Purbadiningrat ugi lajêng nindakakên saprêlunipun. Sarèhning lingiripun tugu tiga, pramila panjênênganipun Radèn Ayu Pangeran Arya Sunarta lajêng amitulungi sarta ngaturi panjênênganipun Radèn Ayu Tumênggung Arya Cakraamipraja karsaa ambikak ulês wau. Dados tangsul urunging tugu lajêng kaasta ing para agung putri têtiga, kacènèng mangandhap sêsarêngan, mak lap kados dipun sulap, lajêng kinurmatan ungêling bom tuwin musik lagu Wilhèlmês. Saicaling urung, kêtingal tugunipun cêtha wela-wela angalela kados saèstu-èstua, adamêl cingakipun para nupiksa.

Mênggah tugu wau inggilipun 4 m, wangun nistha tiga, ing nginggil lancip, warninipun ijêm pating plênik saestha granito, rinêngga ing plisir marmêr, sêratanipun wontên ing marmêr. Pêpêthan wau ingkang kadamêl dalancang kardhus, kaêcèt manut wujuding marmêr tuwin granito, mèmpêr sangêt, kados wujudipun marmêr tuwin granito saèstu. Sadaya pêpêthan mèmpêr kados wujudipun ingkang sayêktos. Ing pucuk wontên pêpêthanipun dara pêthak. Ing têngah wontên pêpêthan makutha kraton Nèdêrlan kinubêngan ing pêpêthan rontal (lontar). Ing ngandhap wontên sêratanipun warni tiga, cara Walandi, cara Mlayu, tuwin cara Jawi. Ingkang cara Walandi wontên iring têngên, ungêlipun makatên:

Dit monument is opgericht ter eere van de geboorte van Prinses... op den 31-1-1938.

Cêcak-cêcak punika papan asmanipun sang putri ingkang nêmbe miyos. Mila dèrèng dipun sêrati,

--- 263 ---

saking pangintên kula dèrèng sumêrêp asmanipun. Benjing manawi wontên ing marmêr saèstu cêcak-cêcak wau masthi dipun sêrati asmanipun sang putri, inggih punika: Beatrix Wilhelmina Armgard.

Ing raèn sisih kiwa sêratanipun cara Mlayu, ungêlipun makatên:

Akan menjadi symbool kekuatan dan kesempurnaan pengharapan yang suci bersetia dan damai dibawah makota Raja Nederland.

Ing raèn wingking sêratanipun cara Jawi mawi aksara Jawi, ungêlipun makatên:

Pisungsung saking pakêmpalanipun para priyantun pènsiun ing Salatiga.

Sakèndêlipun Wilhèlmês, panjênênganipun pangarsa P.P.B. lajêng angaturi panjênênganipun Radèn Ayu Adipati Arya Rêksanagara, supados karsa anêrangakên pikajênganipun ingkang kacêtha ing tugu. Panjênênganipun wau inggih lajêng karsa minangkani kanthi suka pirênaning panggalih. Nuntên majêng jumênêng ing têngah maos andharanipun cara Jawi, suraosipun kirang langkung makatên:

Kanthi bingahing manah kula nampèni panêdhanipun pangrèhing pakêmpalan, supados kula amêdhar sabda tumrap amiwiti ngadêgakên tugu kaurmatan.

Langkung rumiyin kula suka wilujêng dhatêng sadaya ingkang sami rawuh tuwin matur nuwun dhatêng para tamu, langkung-langkung dhatêng Kangjêng Tuwan Asistèn Residhèn sakalihan nyonyah.

[Iklan]

Wondene ingkang kula aturakên, inggih punika sapintên agêng miwah bingahing manahipun sadaya kawula krajan Nèdêrlan, sarêng mirêng bilih ingkang minulya Rajaputri Juliana sampun ambabar miyos putri kanthi kasugêngan, botên kirang satunggal punapa. Amargi inggih mila punika ingkang dados pamanahan tuwin pangajêng-ajêng kita.

Awit saking makatên, kita suwunakên dhatêng Pangeran Ingkang Maha Sukci Allah, mugi-mugi sang putri, ingkang nêmbe miyos punika pinaringana bagya ywana, lêstantun widada raharja salajêngipun, sumarambahipun dhatêng ingkang ibu, ingkang rama, makatên ugi dhatêng ingkang eyang, inggih punika pêpundhèn kita ingkang minulya Kangjêng Sri Maharaja Putri Wilhelmina.

Mênggah bab kabingahaning para kawula wau botên namung kacihna saking wontêning warni-warninipun ingkang awujud kramean, saha botên namung ing nagari-nagari ingkang agêng-agêng kemawon, nanging ing Salatiga, [Sa...]

--- 264 ---

[...latiga,] sanajan papan alit tur parêdèn, sadaya para kawula ingkang sampun pènsiun, ingkang sapunika sami kêmpal wontên ing ngriki, bingahing manah tuwin kasêtyanipun kanyatakakên sarana satunggiling tôndha pangèngêt-èngêt, ingkang ing wêkdal punika badhe kawiwitan panggarapipun.

[Grafik]

Radèn Ayu Pangeran Arya Sunarta nuju masang sela ingkang kawitan.

Tugu punika ngêmot pralampita utawi pasêmon, pêpêthanipun kados ingkang katingal punika:

1. Wangunipun nêstha tiga: (Gelijkzijdige driehoek) punika dados pralampitaning kasampurnan (volmaaktheid), têgêsipun inggih punika: sampun kasêmbadan sadaya pangajêng-ajêng kita.

2. pangajêng-ajêng kita wontên ing tugu punika mawi pasêmon warni ijêm. Ijêm ugi atêgês: gêsang. Ing agami Islam warni ijêm dipun wastani: warni ingkang mulya. Miturut dongèng utawi rayatwirayat. amratelakakên: warni ijêm panariking Allah.

Warni pêthak panariking manungsa.

Tumrap bôngsa Walandi: ijêm punika atêgês hoop (pangajêng-ajêng).

Ing sêrat Jawi anêrangakên: sêsotya ingkang warninipun ijêm sagêd nyarasakên sêsakit tuwin adamêl indhakipun rajabrana.

3. Wondene pangajêng-ajêng kita ingkang prêlu piyambak inggih punika: katêntrêman (vrede), ing ngriki dipun sukani pasêmon (simbol) sarana pêpêthan: rontal (lontar).

Ing sanginggiling lontar wontên pêpêthan makutha krajan (kroon), makutha punika dados simbolipun ratu. Dados têgêsipun simbol kêkalih wau: sampun têntrêm saha pikantuk pangayoman saking makutha krajan Nèdêrlan.

4. Ing pucaking tugu punika wontên pêpêthan pêksi dara pêthak. Pêksi dara dados simbolipun: sêtya (trouw). Warni pêthak têgêsipun: manah suci. Punika dados pasêmon: kula sadaya ingkang sampun sami pènsiun yêktos sêtya tuhu kanthi sucining manah.

Sadaya wau ngalêmpak dados satunggal wontên ing tugu ingkang wangun nêstha tiga, sampurna kalaksanan tumrap ing sarira dalêm ingkang minulya Kangjêng Sri Maharaja Putri tuwin nagari Nèdêrlan sajajahanipun. Amin.

Saparipurnaning wêdhar sabda wau lajêng kinurmatan ungêling musik lagu Wilhèlmês binarung ungêling gôngsa sarta kêplok mawurahan.

--- 265 ---

Anggènipun nindakakên tumindaking upacara wau mawi tatanan ingkang saklangkung prayogi sangêt, botên wontên ingkang cawuh utawi worsuh, agêngipun kisruh. Kathah ingkang sami nyêlaki mramanakakên kawontênaning pêpêthan tugu, sami kakintên bilih punika tugunipun ingkang saèstu. Murih sampun ngantos adamêl kêlintuning pamanggih, ing hèking pêpêthan tugu wau lajêng dipun pasangi sêratan ungêlipun: Ini imitatie, yang betul akan dibikin.

Wasana wilujêng ingkang pinanggih.

Pênonton.

Tanggap Warsa

[Dhandhanggula]

Suka-suka binarung mêmanis / sanityasa gambirèng wardaya / awarna tanggap warsane / kang Jimawal puniku / sinangkalan dahat mantêsi / têrusing obahira / mangèsthi rahayu /Sengkalan : têrusing obahira mangèsthi rahayu (1869 A.J., 1938/39 A.D.). mêmayu hayuning jagad / sumarambah mring sagung pra titah sami / sumarah karsaning Hyang //

gya kawuri ingkang Ehe warsi / wus sung warah ring sagung pra janma / wijang-wijang papintane / kang bênêr myang kang dudu / rasakêna dipun nastiti / titinên jroning nala / linglingên satuhu / tuhokna dimèn kinarya / gêgancangan ing gêsang lair myang batin / prasasat guru jagad //

sakyèhira lêlakyanirèki / pan kinarya pêpelinging gêsang / nadyan ingkang salah wèngwèng / miwah panggawe dudu / dêdalane asoring dhiri / rinoda paripaksa / biratên dèn gupuh / sigra-sigra babadana / ing ngagêsang aywa tansah ngrêrubêdi / sirna sagung rubeda //

de kang bênêr pinardi lastari / rungkêbana tumêkèng dêlahan / tiniru anak putune / tumurun tumaruntun / tinuntuna pinurih bêcik / cake mring karaharjan / loking jana punjul / asmanta mangambar-ambar / mrik awangi ngèbêki kang bawanadi / tansah dadya pocapan //

waspadakna kang Jimawal warsi / upamakna ingkang kartas seta / tanna tètèsing mangsine / nging maksih katon pingul / mangkya sira kang nguwasani / tumrap isining kartas / marma dipun emut / mring sagung kang wus kalakyan / gya saringên pinêsu ngupadi sari / surasèng pangalaman //

tinilara sakèh kang tan yogi / yogya emut mring ponang sanepa / salwir bêciking panggawe / samya lumaku lulus / ywa kasandhung laku tan yukti / haywantuk sambekala / kasidaning laku / datansah tumanêm ing tyas / ywan sakèhing kotaman panggawe bêcik / lulus salaminira //

sun sêsuwun mring Hyang Mahasuci / manpangatnya kang Jimawal warsa / tumrapa ring pamaose / Sang Dyah kajawènipun / ginanjara suka basuki / ing mangkya trus ing benjang / paptèng akiripun / tan ana sakara-kara / kalêksanan sakèh kang cinipta dadi / dêdalaning kamulyan //

Sala.

--- 266 ---

Kagunan Jawi

Bab Gôngsa.

Pangrêmbag kula bab gôngsa kalihan Tuwan Sumadi ingkang kaping kalih. Pitakenan kula têmbung prunggu dados gôngsa, gôngsa dados gamêl, gamêl dados êmban punika paringipun katrangan namung kados ingkang sampun dipun pangandikakakên kawitan. Mênggah sêsêrêpan kula kados ngandhap punika.

Saking pangandikanipun Kiyai Radèn Ngabèi Gunapangrawit, abdi dalêm panèwu iyaganiyaga. ing kraton Surakarta ingkang sampun yuswa sangang dasa nêm taun, badhening gôngsa punika saking têmbaga kalihan rêjasa, dipun cêkak namung gasa. Kajawi punika basa Jawi kina mastani gangsa, têgêsipun inggih têtabuhan. Anggènipun nama gamêlan punika ing sêrat Cênthini Lêmbuasta nyêbutakên, mila nama gamêlan, têgêse gamêl nyêkêli, ungêlipun tinabuh kalawan tangan.

Pitakèn kula bab boyongan dhatêng Bali, panjawabipun Tuwan Sumadi namung aluran kojah ingkang botên mawi prabot katrangan kawontênan ing Majapait lan ing Bali kala jaman samantên. Ingkang makatên punika ingatasing ngrêmbag aluran ingkang gandhèng kalihan babad wontêning pawartos umum (Kajawèn) namung gêgaran kojah ingkang tanpa prabot pantês punika punapa inggih sampun mungguh dipun uningani ngakathah.

Panjawabipun Tuwan Sumadi bab tiyang Jawi punapa inggih tamtu sagêd dhatêng laras slendro kalihan pelog punika panjawabipun anèh sangêt, la tiyang tamtu sagêd kathik dipun dèkèki ancêr-ancêr, wah badhe nglairakên ginêm, yèn botên sadaya tiyang Jawi mangrêtos dhatêng laras wau nanging kadamêl rêmit. Hara ta jawaban ingkang makatên wau punapa botên anggumunakên, la tiyang ngandika tamtu sagêd, kathik têgêsipun botên sadaya sagêd.

Bab centhangan sêkar lagu pelog namung tiga... punika kula mêmuji sokur ing Allah dene Tuwan Sumadi sampun karsa mastani okol-okolan, ananging gumuning manah kula kathik taksih ngêngkoki dhatêng ukara, cêkakipun sêkar durma, mijil, mêgatruh, punika sêkar lagu pelog, dene artati, sinom, pangkur lan kathah malih punika sêkar lagu slendro, anggèn kula gumun wau dene sêkar lagu pelog botên mawi ukara kathah malih, ananging lagu slendro mawi ukara kathah kamalih,malih. makatên punika ingkang lagu pelog punapa kenging dipun suraos kajawi tiga taksih kathah malih.

Pitakenan kula, kala punapa wiwitipun sêkar lagu slendro dipun pelogakên, utawi sêkar lagu pelog dipun slendrokakên, têgêsipun ingkang kula pitakèkakên wau wiwitanipun, jêbul dipun jawab patraping pangêlihipun, la manawi patrapan pangêlihipun kemawon botên susah mawi gambang, sanadyan namung sakajêng-kajêngipun [sakajê...]

--- 267 ---

[...ng-kajêngipun] ingkang rêngêng-rêngêng piyambak inggih sagêd kemawon, janji sampun lêbda dhatêng raos sledro pelog. Katranganing jawaban wau mawi ungêl-ungêlan, bokmanawi têmbangipun dhandhanggula, ananging manawi dhandhanggula, punika dhandhanggula risak, awit cacahing aksaranipun kathah ingkang kirang kalihan tirah, inggih punika wiwit saking ungêl-ungêlan, santri tani tanapi agrami, suwita mring sri narendra, punika sami tirah saaksara, lajêng -manusup mring samun, lêrês. Lajêng, mrih têkaning sêdya, sapanduke panduming dumadi, punika sami kirang ngalih aksara, lajêng ingkang dadi srana, punika tirah saaksara, sarêng ngalih dhatêng pelog, lajêng aruhana sagung pakarti... ngantos sapupuh, la punika têmbung punapa manawi taksih dhandhanggula kok namung 8 aksara, manawi santun têmbang, thik tanpa katrangan, ingkang makatên punika rak inggih ngodhêngakên tiyang.

[Iklan]

Pitakèn kula bab 7 suwantêning suling dados bibiting gôngsa punika panjawabipun warni kalih, ingkang sapisan ngakêni, eman sangêt dene botên priksa, kaping kalih ing panjawab 7 suwantêning suling ngriku kenging (sagêd) kangge paugêraning laras. Jawaban ingkang kaping kalih wau manawi dipun wawas saking jawaban kapisan, punapa lajêng botên dhapur ngingêr basa ngêlih surasa. Badhe kasambêtan.

Kodrat, Batawi Sèntrêm.

--- 268 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Tiongkok.

Saya dangu tandangipun wadya Tiongkok saya katingal sêrêngipun, malah lajêng katingal anggènipun andhadhagi paprangan, ucapipun Tiongkok, taksih kadugi nandhingi mêngsah kanthi ngêtog karosan. Mila sanadyan kawontênanipun wadya Tiongkok ing Hanko badhe kêdhêsêk, Tiongkok ugi botên kêkirangan gêlar.

Mênggah têrangipun, kawontênanipun pabarisan Tiongkok ing laladan margi sêpur antawising Peiping kalihan Hanko tuwin sacêlakipun Kaipèng, inggih punika têlêngipun propènsi Honan, botên gadhah pangajêng-ajêng badhe unggul, malah têtiyangipun ing ngriku sampun pating salêbar pados pangungsèn. Wadya Jêpan tansah ngangsêg saha sagêd unggul. Ingkang makatên wau adamêl kêkêsing wadya Tiongkok, saha nyamarakên samôngsa wadya Jêpan sagêd nyabrang lèpèn Wangho, tamtu sagêd lulus tanpa sambekala. Dene anggènipun Jêpan nêmpuh ngriku punika prêlu dados margi ingkang kenging kangge ngajêngakên golonganipun. Nanging Tiongkok inggih sampun waspada bilih gêlaripun Jêpan ingkang makatên wau botên mitadosi, awit mangrêtos wadya ingkang nêmpuh ing ngriku punika botên sapintêna, dene wadya Jêpan ingkang santosa, punika dumunung wontên ing Sansi saha adêging pabarisanipun dipun perang dados tiga, katêmpuhakên dhatêng papan-papan ingkang langkung mikantuki. Gêlaripun Jêpan ingkang makatên wau taksih dipun kawahi dening Tiongkok, awit prêlu ngopèni panêmpuh alit-alit ingkang sampun nyakêti, ingkang kamanah langkung ambêbayani.

Tumrap wadya Tiongkok ingkang langkung santosa saha mitadosi, pinanggih wontên ing golongan wadya anggêgana. Kawartosakên wadya anggêgana Tiongkok campuh ing Taihoku tuwin Sinsiku ing laladan Pormosah, sagêd andhawahakên bom sadasa rambahan, ngantos adamêl karisakan agêng. Ing ngriku wontên montor mabur Jêpan cacah 40 sami karisakan, makatên ugi papan anggêgana ing ngriku ugi nêmahi karisakan. Tindakipun wadya anggêgana Tiongkok punika kêgolong purun anglanjak dhatêng sajawining wêwêngkon. Dados nama satunggiling kamajêngan ing paprangan punika.

Wiwit punika wadya anggêgana Tiongkok pinanggih saya purun saha ngrumaosi bilih kêkiyatanipun mitadosi, kathah papan-papan ingkang wigatos ingkang kenging dipun risak dening wadya gêgana Tiongkok, têlênging kitha Taiwan dipun dhawahi bom, andhawahi gudhang bènsin ing sacêlaking papan anggêgana lajêng bêbêsmi. Ing ngriku para ingkang unggul ing pêrang rumaos kalêgan, awit tindakipun punika nama sawêg kangge cobèn-cobèn. Sarèhning pinanggihipun anglêgakakên, lajêng gadhah sêdya saha kêdugi gêntos anglanjak [a...]

--- 269 ---

[...nglanjak] dhatêng Jêpan, badhe ngêbom papan parimatan obat mimis ing Osaka tuwin Tokio.

Sasampunipun punika wadya anggêgana lajêng ngambali nêmpuh Pormosah, nanging panêmpuh ingkang kaping kalih punika kenging dipun tanggulangi dening wadya Jêpan, amargi sampun mirantos.

Mirid kawontênan ingkang kados makatên punika, lajêng katingal bilih ramening paprangan punika kadosdene têmbean, makatên ugi lajêng katitik bilih asor unggulipun tansah pinanggih gêgêntosan. Ing ngriku lajêng wontên wartos jumêdhul, bilih paprangan punika sampun badhe kèndêl, Jêpan trimah anggadhahi laladan ingkang sapunika sampun dhawah ing panguwaosipun, saha lajêng badhe andèkèki wêwakil kanthi kawontênakên wadya kangge anjagi samôngsa katêmpuh ing mêngsah saking golongan Tiongkok. Kajawi punika ing Peiping ugi lajêng dipun anggêp sah dhawah panguwaos Jêpan.

Pawartos ingkang kados makatên wau saèstunipun tumrapipun Tiongkok nganggêp lôngka sangêt kalampahanipun, awit nyatanipun Tiongkok taksih gadhah tandang ingkang mitadosi. Botên gampil lajêng namung pasrah bongkokan, malah ing pangangkah, mirid kawontênan nêdya ngrêbat laladan ingkang sampun sami dhawah panguwaosing mêngsah, malah sêdya wau inggih sampun katingal dipun ayati tuwin sampun wontên nyatanipun.

[Iklan]

Ing sapunika wontên wartos ingkang gêgayutan kalihan kawontênan ing Tiongkok tuwin Jêpan, inggih punika ing bab anggèning Sang Hitlêr anyondhongi dhatêng Jêpan. Ingkang makatên wau lajêng nuwuhakên gêndraning bôngsa Jêrman ingkang wontên Syanghai, kawêkasanipun lajêng ngawontênakên parêpatan ingkang anggêlêngakên rêmbag anduwa anggèning Sang Hitlêr angabsahakên ngadêgipun Sukuo, pamrayogi wau kakintunakên lumantar telêgram.

Golonganing bôngsa Jêrman ing Syanghai inggih sampun angsal wangsulan saking Bêrlin, bilih anggèning nayogyani wau adhêdhasar gêgayutanipun kalihan pulitik, kêdah tumindak ing damêl sêsarêngan kalihan Jêpan, inggih punika ing bab among dagang.

Wangsulan ingkang makatên wau botên adamêl marêmipun golongan Jêrman ing Syanghai, lajêng kintun telêgram malih dhatêng Bêrlin, ingkang suraosipun JêrmakJêrman. langkung migatosna dhatêng babagan among dagang gêgayutanipun kalihan Tiongkok.

Kados makatên ubad-ubêding paprangan ing Tiongkok.

--- 270 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Pilêm Kolonisasi.

III.

Garèng : Lo, Truk, dadi kala samono kowe ethok-ethoke dadi Mênir Wèlêm, ta. Wèh, iki aku kok ora cocog babar pisan, Truk, mèk ana ing Batawi kene kowe manganggo cara drom-drom mêngkono, kuwi aku ora maido, sabab, wong-wonge ing kene kuwi campur-adhuk sênènjong godhog, lan umume iya padha pantalonan. Balik ana ing Ngayoja, ênggone uwong ngisor dhuwur... wiron mèphèt, têka nganggo cara sinyo, luwih manèh ana ing kono kowe srawungan karo para dara pyayi-dara pyayi luhur. Kuwi nèk mungguhing aku sêthithik-sêthithik iya dêgsura arane, awit kowe dhewe kuwi rak wong Jawa, êmbahmu iya Jawa, bapakmu iya Jawa, irungmu iya dhêpok kaya irung Jawa. Dadi wis mêsthine kowe ngrasuk panganggo Jawa. Apa anggonmu manganggo pantalon kuwi karêpmu supaya bisa pêrlop bètênbêswar pandhêlandhê... sêmbahe, sabab manganggo cara Lônda yèn banjur sêmbahe sedhokan, kuwi pantês yèn banjur diparabi Mênir Wèlêm Sêtrasarkara. Dadi iya ora beda karo wujude wong sing nganggo-anggo mangkene upamane: jarite wiron, klambine bêskap, nanging nganggo pèci, jênênge pantês-pantêse iya: Baguse Hasan Tarupala.

Petruk : Wiyah, kathik warna-warna mêngkono. Mungguhing aku, Kang Garèng, manganggo cara Lônda banjur nyêmbah, kuwi anggêre ora diwènèhi tuslah: brangkangan lan kalesedan bae, kok iya luwês, dhing, dadi kayadene carane suradhadhu urmat aliyas: saluwir kae. Wong aku wis ngalami dhewe ana ing Mangkunagaran, Kang Garèng, priyayi sing didhawuhi dening Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti, lo, kuwi têrus ngadêg anjêjêr karo nyêmbah: glothak, wadhuh, nyang pandêlêngan pancèn iya katon: gandês lan kèwês, malah miturut wawasanku, luwih luwês tinimbang suradhadhu saluwir, Kang Garèng. Mulane cara nyêmbah sing kaya ngene iki, iya banjur ora milih panganggo, bêbêdan utawa tapihan, iya pantês, pantalon utawa rok-rokan iya kèwês, tur nyang rasa iya ora ngênês sanadyan disawang ing bôngsa sing adate mung dlajigan bae. Kang iku mungguhing panêmuku, saupama cara tatakrama sing kaya ngene iki diratakake satanah Jawa kene, kiraku darajate bôngsa Jawa andadak mundhak sa... roti mêrtega tênan.

Garèng : Iki omongan cara apa, ana mundhak darajate têka saroti mêrtega.

Petruk : Nèk carane militèr kuwi, nèk militèr Jawa sarapane kêtan, nanging nèk bôngsa Ambon: roti mêrtega.

Garèng : Hus, wong sêmbrana, ana kok banjur nyêmoni sing ora-ora mêngkono. Wis,

--- 271 ---

wis, saiki caritakna nyang aku dhisik, kowe kuwi sajake kok banjur salin salaga, dhèk biyèn kêkêncênganamu, kluyuran nyang ngêndi bae, mêsthi manganggo cara Jawa, apa manèh nyang Ngayoja utawa Surakarta, anggonmu dandan cara Jawa saya mlithit. Lo kuwi aku iya pancèn mupakat bangêt, awit wong Jawa nganggo cara Lônda kuwi brêgas-brêgase bangêt, iya sa... Sinyo Rêbo, seje yèn meretan, rak gampang anggonmu disêbut: Mas Kêbayan. Mulane sapisan kiyi aku gumun bangêt, dene nyang tanah kêjawan têka kowe:... bukak kain, banjur nganggo pantalon. Dadi dhèk biyèn kowe ngajèni bangêt nyang panganggo cara Jawa, nanging saiki kok ganti haluan, apa saiki kowe wis tiru-tiru kêpengin disêbut: dara tuwan Lônda.

Petruk : Kang Garèng, sanadyan tumêkane saiki pisan, aku iya isih dhêmên lan isih ngajèni nyang panganggone bangsaku dhewe iki, sabab aku rumasa dhewe, yèn manganggo cara Jawa wujudku rada ana ambu-ambune Jaka Tingkir, sanadyan mung gundhule bae. Mung bae bangsane dhewe iki sêmu-sêmune saiki wis ora pati ngajèni nyang panganggone dhewe, nganti yèn lumêbu ing tanah kajawan, manawa isih bangêt-bangêt anggone ngukuhi panganggone dhewe sida kapiran-kapirun têmênan. Seje yèn manganggo cara Lônda, luwih-luwih yèn manganggo bangsane palêmbeyak utawa gabardhin, kajaba mrena-mrene diundang: ndara, ndara, panggonan verboden toegang iya wis prasaksat ngabar kabèh. Wong aku wis ngalami dhewe, Kang Garèng, nalikane aku ana ing Surakarta, ing dalême salah sawijining bôngsa luhur dianakake lèngsêng-lèngsêngan, lo iki rak prakara partikulir, ta, kala samono aku kêpingin bangêt nonton, lo, kuwi aku mung diabani mangkene: kêna, nganggo pantalon, utawa yèn nganggo cara Jawa iya miturut pranatan kene. Dumadakan ing kala kuwi, pantalon aku ora anggawa, panganggo sing miturut pranatan ing kono ora gablêg, pungkasane aku banjur kapêksa mung ngêthêkêr ana ing... Sriwêdari.

[Grafik]

Garèng : Nèk karêpmu mêsthine, anggêre manganggo cara Jawa kudu diparingi palilah mlêbu. Wèh, kathik le arêp kêpenake dhewe bae, karo manèh apa rumasamu kowe kuwi wis manganggo cara Jawa tulèn. Ora, Truk, nèk panganggomu kuwi macake rak cara dhagêl, nganggo

--- 272 ---

jas bukak, dhasi, kêmeja, krah, nanging bêbêdan lan balangkon, apa iki ora kêna diarani panganggo cara Walônda bêbêdan lan moretan. Nèk sing cara Jawa tulèn kuwi klambine mêsthine: bêskap utawa surjan, apa kêpriye. Dene ing dalême bôngsa luhur mau dianakake pranatan tumrape sapa bae sing nêdya marak mrono, lo kuwi rak iya wis adil bangêt, ta. Dene yèn ana wong marak nyêbal pranatan, ora dikêparêngake, kuwi nèk aku cocog, Truk. Kowe bae kêpriye, yèn ana wong têka ing omahmu, mung sarungan, nganggo klambi: ancinco, nanging gundhulan bae, sanajan kowe gêlêma nêmoni, ing batin mêsthine iya nganggo kêdumêlan mangkene: wong sambêr gêlap kaping pitu likur, wong mêdhayoh kathik tanpa aturan babar pisan, mara, ing atase dhapur bae, mêksa isih ngubêngi nyang pranatan, apa manèh bôngsa luhur...

Petruk : Lo, aja kaliru tômpa, disambêla ulêg, ora pisan-pisan yèn nganti aku nyalahake anane pranatan mau. Malah tak anggêp kaya dene sawijining pangajaran kanggo ing têmbe burine. Yèn aku nyang tanah kajawan, sabisa-bisa kudu sangu panganggo sing miturut pranatan kono, utawa panganggo pantalon, supaya nyang ngêndi-êndi bisa: blas-blus, kanthi kêpenak bae. Iya sabab sing kaya mangkono kuwi mau, mulane kala aku nyang Bantul anêksèni panggawene pilêm Kolonisasi mau, banjur potong paocang, nganggo aspatu kuwi, prelune iya kuwi mau, cikbèn bisa blas-blus gampang.

Pawartos saking Redhaksi.

K. 6983 ing Jatilawang. Pandangu panjênêngan kados cêkap mariksani pakabaran ing Kajawèn nomên 13 kêpêngkêr. Dene bab papan ingkang katamtokakên tumrap sacêlaking pamanggèn panjênêngan, dèrèng wontên wartos.

K. 4184 ing Têgalrêja. Sla, Pa Sawal, Be 20 kêpêngkêr, dhawah tanggal 6, Walandi 11 Oktobêr 1910. 3-3-1844, Ju, Wa, dhawah 30 Januari 1914.

K.1015 ing Madiun. Dèrèng manggih pèngêtanipun.

K.4783 ing Gawok. Sampun botên wontên.

Bab Buku.

Redhaksi kajawèn sampun nampèni:

1. Kalawarti padhalangan, ôngka 2, taun IV. Kalawarti punika isi babagan kawruh padhalangan tuwin ingkang gêgayutan. Aksara Jawi. Mêdalipun sawulan sapisan. Rêgi tigang wulan, f 0.50, satêngah taun f 0.90, sataun f 1.75. Manawi namung sabuku f 0.20. Pamong panitra Radèn Ngabèi Dutadilaga, ing Surakarta.

2. Sêrat Rêtnajiwa. Kawêdalakên dening , Radèn Mas Jayèng Wiharja, kapala guru H.I.S. Wiwaratama, ing Wanasaba. Basa Jawi aksara Latin, isi 32 kaca, ukuran limrah, rêgi f 0.60, isi gêgayuhan kalangkunganing ngagêsang.

3. Sêrat Wawasan, côndrasangkala no. 4, , kaimpun dening Karta Asmara ing Ngayogyakarta, sastra Jawi, ukuran limrah, rêgi f 0.40. Isi bab côndrasangkala.

4. Wêwarah Asthaguna, kawêdalakên dening A.S.I.B. Sumbêr Rêja, Bojanagara, aksara latin, ukuran alit, 22 kaca, rêgi f 0.20. Isi wulang warni-warni.

5. Mardikaning Dhiri I kawêdalakên dening Wk. aliyas Wiryakarsana, ing Sraya, Bojanagara, aksara latin, 43 kaca, rêgi f 0.35 isi têtuladan sae.

6. Sabdatama I dening Wk. Wiryakarsana, ing Sraya, Bojanagara, aksara latin, ukuran alit, 17 kaca, rêgi f 0.10, isi wulang.

7. Sabdatama II dening Wk. Wiryakarsana, ing Sraya, Bojanagara, aksara latin, ukuran alit, 35 kaca, rêgi f 0.15, isi wulang.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên panuwun.

Buku-buku punika Bale Pustaka botên sade.

--- 273 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Pakualaman 125 taun. Benjing tanggal 17 Maart punika kalêrês dhawahing adêgipun praja Pakualaman sampun 125 taun. Ing pura Pakualaman badhe kawontênakên rêsèpsi.

Papan anggêgana ing Sêmarang. Volker Aannemers Mij. Nyagahi panarosipun S.C.S. andhatêngakên pasir cacah 130.000 mètêr kubukkubik. kêkirangan ingkang badhe kangge ngurug papan anggêgana ing Sêmarang. Ing bab punika S.C.S. lajêng badhe ngyasani ril kangge margi ngusungi pasir wau panjangipun 3 1/2 km, kanthi dipun sadhiyani gêrbong 60 tuwin locomotief 3. Kintên-kintên papan anggêgana wau badhe rampung salêbêtipun 5 wulan.

Pabrik grabah sagêd majêng. Pacobèn pabrik grabah ingkang kawontênakên ing Banjarnêgara pinanggih sae. Ing sapunika lajêng badhe ngadani malih wontên ing Plèrèd, Purwakarta, amargi siti ingriku pinanggih cocog kangge grabah.

Badhe adêging pabrik Bata. Miturut wartos, pabrik Bata sampun madik panggenan wontên ing Kalibata, kaprênah antawising margi sêpur saking Bêtawi dhatêng Bogor. Pabrik wau badhe kadamêl dalah griya-griyaning punggawanipun. Tataning nyambut damêl namung tumindak ing saminggu kaping gangsal (gangsal dintên). Ing dalêm sawulanipun ngêdalakên sêpatu karèt 5000 pasang. Kajawi punika mawi ngawontênakên toko agêng 2 wontên ing Bêtawi.

Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana badhe têdhak Kudus. Wontên wartos bilih Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana badhe têdhak dhatêng griyanipun Tuwan Nitisêmita, sudagar sês krètèk ing Kudus. Têdhak dalêm wau pêrlu badhe nguningani cara-caraning andamêl sês krètèk.

Sêsakit ambêbucal rah umbêl. Ing wêkdal punika ing bawah Kabupatèn Bojonêgoro, Tuban, tuwin Lamongan kathah tiyang ingkang kêtrajang sakit ambêbucal rah umbêl. Ing bab punika ingkang wajib lajêng ambage jampi ingkang nama Riwanol.

Sarining sela kangge bumbu tahu. Ing pabrik-pabrik tahu laladan Surakarta tuwin Ponorogo ing sapunika sami migunakakên sarining sela wêdalan dhusun Clumpring tuwin sakanankeringipun, inggih punika tanah parêdèn sakidul Ponorogo. Patraping pandamêlipun, sela wau kabubuk lajêng dipun toyani, ing mangke samangsa sampun mênêp, toya wau lajêng kangge abên pandamêling tahu, punika sagêd nyaèkakên tahu, kadosdene manawi mawi abên sela tahu.

Kantor cacah jiwa. Sampun sawatawis dintên wontên dhawuh saking Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, ing bab badhe tumindaking nacahakên jiwa ing taentaun. 1940. Ing bab punika kantor cacah jiwa badhe dipun êdêgakên wontên ing taun 1939, tuwin botên dangu malih badhe kawontênakên commissi.

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gubêrnur Jawi Têngah, Tuwan Sangidi Hadisutirto, Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi ing veldpolitie Kêbumèn, dados asistèn wêdana ing Paresidhenan Kêdu.

Dr. Sarjito. Miturut wartos praja, ing salêbêtipun Hoofdgouvernementsarts J.B. Sitanala botên wontên ing Sêmarang, wiwit tanggal 21 Februari 1938, ingkang anggêntosi padamêlanipun ananggulangi sêsakit lepra, Dr. Sarjito, pangagênging Afdeelingslaboratorium ing Sêmarang.

[Iklan]

Sêsakit rajakaya. Miturut wartos, ing Salatiga wontên papan pamêrêsan kalih panggenan ingkang lêmbunipun wontên ingkang kêtrajang sêsakit muruh tuwin tracak, malah kenging dipun wastani rajakayanipun sami kêtrajang sadaya. Kajawi punika ugi wontên panggenan sanès-sanèsipun ingkang ugi wontên sêsakit kados makatên. Caraning panyêgah, ingkang wajib sampun nindakakên tatanan sapêrlunipun.

Tandangipun para padvinder nalika wontên kasangsaran motor mabur. Kala wontên kasangsaran motor mabur nyarêngi cobèn-cobèn mêtêngi kitha Bêtawi. Para padvinder ingkang ngawontênakên pajagèn ing Polonia, sarêng wontên kasangsaran punika lajêng enggal-enggal dhatêng Cililitan, salajêngipun amadosi dununging papan kasangsaran ngantos pinanggih. Ing bab punika, para padvinder wau angsal pangalêmbana.

Pasundan Istêri badhe ngawontênakên congres. Wontên wartos, ing têngah-têngahing wulan Maart punika, Pasundan Istêri badhe ngawontênakên congres manggèn ing Sukabumi.

Indonesia Muda pang Sêmarang. Wontên wartos, bilih Indonesia Muda pang Sêmarang badhe ngêdalakên kalawarti ingkang badhe dipun pandhegani dening Tuwan Hutapeu tuwin Tuwan Mashud. Kajawi punika Indonesia Muda ingriku ugi kathah indhakipun, kadosta: ngudi sirnaning têtiyang botên sumêrêp sastra, ugi ngudi ing bab ajênging ulahraga tuwin sanès-sanèsipun.

Bab lampah anggêgana saking tanah Jawi dhatêng Australie. Sampun dangu wontên wartos ing bab badhe wontêning lampah anggêgana saking tanah Jawi dhatêng Australie. Ing sapunika wontên wartos, bilih wiwit tanggal 1 Juli saèstu kawontênakên lampah anggêgana wau saking Surabaya dhatêng Sydney. Waragading anggêgana wau ing dalêm saminggu kataksir wontên 3 ton. Agênging waragad lampah anggêgana punika dados pêmanahanipun ingkang sami gêgayutan, amargi nyamarakên manawi botên sumbut angsal-angsalanipun.

--- 274 ---

Pakêmpalan darah Sunan Kalijaga. Ing sapunika pakêmpalan darah Sunan Kalijaga ingkang madêg wontên ing Kudus katingal saya majêng. Ingkang dados pangarsa R.Ng. Darmowasito. Ing sapunika pakêmpalan wau ngêdalakên buku "Pustaka Darah Agung" mawi rinêngga ing gambar-gambar pasareaning para luhur. Kajawi punika badhe ngêdalakên buku sanès-sanèsipun.

[Grafik]

Pamulangan Luhur Pangadilan. Lulus doctoraal-examen perangan tiga R. Suwandi. Inginggil punika ngêwrat gambaripun R. Suwandi (Referendaris 1e klas ing Dep. O.E.) sakalihan garwa.

Pest ing Tênggêr. Awit saking papriksaning Pakaryan Kasarasan, ing Onder Dhistrik Tutur, Dhistrik Puspo, Kabupatèn Pasuruan, wontên tiyang sawatawis kêtrajang sêsakit pest. Tuwuhing sêsakit wau pinanggih wontên ing pintên-pintên panggenan. Miturut papriksaning dhoktêr, tuwuhing sêsakit wau jalaran saking nuju mangsa jawah punika, lajêng kathah tikus ingkang sami manggèn wontên salêbêting griya, ing padatan tikus-tikus wau manggèn wontên ing Jawi. Ing salajêngipun ingkang wajib lajêng nindakakên rêrigên sapêrlunipun.

Para sudagar mêrcon ngêdêgakên bond. Miturut wartos, para sudagar mêrcon, inggih punika ingkang sami anggadhahi pabrik ing Sêmarang mêntas ngawontênakên pêpanggihan, ingkang dipun dhatêngi sudagar mêrcon saking Probolinggo, Surabaya, Rêmbang, Japara, Magêlang, Surakarta, tuwin Pêkalongan. Kajênging pakêmpalan wau badhe ngudi supados panggaotanipun sampun ngantos amanggih tatanan ingkang langkung awrat saking parentah.

Gêndhis ing tanah ngriki badhe kakintunakên dhatêng Turki. Kawartosakên, ing sapunika sawêg wontên rêmbag badhe nglêbêtakên gêndhis saking tanah ngriki dhatêng Turki, amargi ing wêkdal punika panenan gêndhis Turki pinanggih awon. Kintên-kintên rêmbag punika tumuntên wontên karampunganipun.

Sri Bagendha Maharaja Putri bela sungkawa. Gêgayutan kalihan wontêning motor mabur ingkang kasangsaran ing Bêtawi Sri Bagendha Maharaja Putri tuwin kulawarga karajan sami bela sungkawa.

Assistent apotheker enggal. Tuwan-tuwan Lie Cien Hong, Sim Goan Joe, Kachmad tuwin nonah Helena Petronella Draijer saha nonah Lie Soei Jap Nio, sadaya sami kaparêngakên nindakakên padamêlan dados assistent apotheker.

Jawah dêrês ing Bêtawi. Ing Bêtawi mêntas wontên dhawahjawah. dêrês sangêt tur dangu, anjalari kathah pasitèn ingkang kêlêban toya, margi-margi kathah ingkang ngantos awujud lèpèn, damêl kandhêging sawarninipun têtumpakan. Kapal-kapal sami kandhêg botên sagêd malêbêt dhatêng palabuhan, wontên motor-motor mabur ingkang botên sagêd mandhap jalaran saking pêtêng. Motor mabur ingkang badhe bidhal dhatêng nagari Walandi, kêpêksa wangsul dhatêng Bandung.

Pangupakara lare kapiran. Awit saking kaparêngipun parentah Kasultanan ing Ngayogyakarta, badhe ngêdêgakên griya kangge pangupakaran lare-lare ingkang kapiran. Caraning tumindak ing damêl miturut kados tatananipun Pa. v.d. Steur ing Magêlang. Miturut wartos ing sapunika lare ingkang badhe dipun upakara sampun wontên 62. papan ingkang badhe dipun êdêgi griya wau ing Gowongan Têngah. Têtiyangipun ingkang sami manggèn wontên ingriku sami kapurih pindhah kanthi dipun sukani lêlintu kapitunan. Dene waragadipun kintên-kintên f 15.000,-

Sêsakit pest paru ing Majalengka. Miturut wartos saking Cirêbon, wiwit tanggal 6 dumugi 12 Februari, ing bawah Dhistrik Majalengka wontên têtiyang kêtrêjangkêtrajang. sêsakit pest 21, sami pest paru, dene ingkang kêtênggêl wau dhusun Kulur.

NAGARI WALANDI.

Kasugêngan Dalêm Sri Paduka Prinses Juliana tuwin Putri Beatrix. Miturut katrangan saking Dr. De Groot ingkang sampun wangsul saking kadhaton ing Soestdijk, sarira dalêm Sri Paduka Prinses Juliana sampun sênggang, makatên ugi sarira dalêm Putri Beatrix. Salajêngipun ingkang angupakara Putri Beatrix katindakakên dening Dr. Carstens, kinderarts ing Utrecht. Timbangan wawrat dalêm Putri Beatrix tansah mindhak-mindhak.

Sri Bagendha Maharaja Putri botên têdhak Rome. Ing bab wartos badhe têdhak dalêm Sri Bagendha Maharaja Putri dhatêng Rome, punika botên nyata.

Kapal pêrang enggal. Ing pabrik Ned. Dok Maatschappij adamêl kapal pirantos masangi dinamit, saking pakènipun parentah marine nagari Walandi. Kapal pêrang wau panjangipun 75 m, agêngipun 1500 ton, nama Willem Van der Zaan, badhe rampung wontên ing taun 1939.

Clubhuis Indonesia ing Leiden. Benjing tanggal 12 ngrintênakên tanggal 13 wulan punika, Clubhuis Indonesia ing Leiden ingkang manggèn ing Hugo de Grootstraat 12, badhe ngawontênakên pèngêtan adêging pakêmpalan wau sampun sataun. Clubhuis wau dados papan pêpanggihanipun para student tuwin kangge umum tumrap bangsa India.

Pangubur layonipun Tuwan Van Beeten. Layonipun tilas secretaris pakêmpalan Islam ing Den Haag Tuwan Van Beeten, nalika panguburipun kathah para tilas upsir tuwin golongan Islam ingkang sami anjênêngi. Tuwan wau kala sugêngipun ngrasuk agami Islam.

EROPA.

Kasangsaran motor mabur. Sampun sawatawis dintên motor mabur post Jerman ingkang anggêgana antawising Keulen kalihan Paris, dhawah, jalaran saking kandêling pêdhut, salajêngipun motor mabur wau kêbêsmi. Punggawanipun wontên tiga sami tiwas.

--- 275 ---

Wêwaosan

V Lêlampahanipun Ilya Tigang Rambahan.

54

Ilya nglajêngakên lampahipun, nanging ing samangke ngambah ing margi ingkang kacariyosakên, bilih sintên ingkang ngambah ing margi ngriku tamtu dados tiyang sugih. Lampahipun dèrèng ngantos tigang pal têbihipun, dumadakan Ilya mrangguli sela agêng ingkang wontên sêratanipun makatên: sing sapa karosane nganti bisa ngingsêr watu gêdhe iki, lan bisa anjunjung wêsi blebekan kang ana ing ngisore watu iki, kêna mudhun ing guwa ngisor iki lan ngêpèk kabèh bônda kang sinimpên ana ing kene.

Ilya enggal-enggal mandhap saking kapal, nyurung sela sarosanipun ingkang lajêng gumlundhung kadosdene bal kemawon. Lajêngipun nuntên ngangkat tosan balebekan ingkang wontên ing ngandhapipun sela wau. Ing ngriku piyambakipun lajêng sumêrêp undhak-undhakan mangandhap ingkang anjog lumêbêt ing guwa ngriku. Ing salêbêtipun guwa wau, Ilya amanggih tumpukan arta mas tuwin arta salaka ingkang tanpa wicalan kathahipun. Kajawi punika ing ngriku ugi wontên pêthinipun pintên-pintên ingkang isi intên, barliyan, mutyara tuwin jumêrut. Ilya lajêng mêndhêti arta mas tuwin salaka, punapadene sawarnining sêsotya wau, sakiyatipun, saha lajêng mêdal saking guwa ngriku. Salajêngipun, Ilya nuntên nyengklak kapalipun saha lajêng wangsul dhatêng Kiyeph. Arta mas utawi salaka wau lajêng dipun pigunakakên kangge yasa greja agêng cacahipun tiga, dene tirahanipun kabage dhatêng para pêkir miskin. Sasampunipun greja tiga wau rampung pandamêlipun, saha sakathahing tiyang sami mrêlokakên sêmbahyang wontên ing ngriku, Ilya lajêng numpaki kapalipun malih nuju dhatêng sela ingkang sakalangkung anèh wau. Sadumuginipun ing ngriku, piyambakipun lajêng nyorèki sêratan ingkang wontên ing sela, saha lajêng kasantunan sêratan ingkang ungêlipun makatên:

Tulisan kabèh iki nyata goroh, awit dalan kang ôngka siji wis kalakon tak ambah, lan aku ora mati. Dalan kang ôngka loro iya wis tak lakoni, aku ora kalakon oleh jodho. Mangkono uga dalan kang ôngka têlu, uga wis tak turut, dene aku iya isih ajêg mêlarat bae.

Cidranipun Alyasa.

Ing satunggiling dintên ing kadhatonipun Prabu Wladhimir dipun wontênakên pahargyan agêng-agêngan, kathah para pangeran, para mantri bupati tuwin para têtungguling prajurit ingkang sami ngèstrèni pahargyan wau. Jalaran saking dayaning anggur tuwin inuman kêras sanès-sanèsipun, para tamu, langkung malih para prajurit, ingkang langkung pintêr ulah pêdhang katimbang wicantênan, kathah ingkang lajêng ngumbar suwaranipun. Wontên ingkang ngumukakên mênggah ing kadibyanipun wontên ing paprangan, wontên ingkang ngumukakên ing bab saening kalakuwaning tiyang sêpuhipun, lan sapiturutipun. Dene pun Dhobrinya, ingkang sajatosipun botên kathah rêmbagipun, dumadakan ing kala punika ngumukakên ing bab sêtyaning semahipun. Mirêng wicantênipun Dhobrinya ingkang makatên punika, para tamu sanès-sanèsipun sami gumujêng, sawang-sinawang kalihan kanca-kancanipun, saha lajêng pating klêsik sami bêbisikan makatên: Têka samono bodhone Si Dhobrinya iku, anggone wani nêtêpake marang kasêtyane bojone.

Dumadakan anggènipun sami gumujêng tuwin pating klêsik wau ujug-ujug lajêng kèndêl, awit Prabu Wladhimir paring sasmita, yèn badhe amêdharakên pangandika. Sasampunipun ing bangsal sidhêm tanpa wontên suwara punapa-punapa, sang prabu lajêng dhawuh ngandika makatên:

Para pangèran lan para mantri bupati, apadene sira para têtungguling prajurit ing praja Ruslan kene, ingsun darbe rêmbug marang sira, lan ingsun mundhut timbanganira kabèh. Ingsun mêntas tômpa layang saka: Nyeweja, ing sajêroning layang kono, dhèwèke asumbar-sumbar supaya kene ngirimi salah sawijining satriya, kang saguh pêrang ijèn padha ijèn karo dhèwèke mau. Mungguh timbanganira, sapa kang pantês ingsun ajokake bôndayuda mungsuh karo Nyeweja iki mau. Sapa sing kira-kira kuwagang nandhingi mungsuh kang tansah angrêridhu tata têntrêming dalan-dalan gêdhe, lan nandhingi mungsuh-mungsuh kang tansah ginagawe ing bètèng-bètèng kang ana ing tapêl watêsaning praja, supaya ratumu, ingsun apa dene sang pramèswari, bisaa lêstari ngasta pusaraning praja iki.

Para tamu sami kèndêl sadaya, awit botên wontên ingkang ngrumiyini matur. Salajêngipun salah satunggal têtungguling prajurit ingkang pangkatipun inggil piyambak, inggih punika pun Alyasa, lajêng ngadêg saking palênggahanipun, saha umatur makatên:

Dhuh sang prabu pêpundhèn kawula, kaparênga kawula matur ing ngarsa paduka. Dèrèng dangu kawula mêntas wangsul dhatêng ing Kiyèph ngriki, inggih punika sasampunipun kawula anganglangi tapêl watêsanipun praja laminipun kalih wêlas taun. Salêbêtipun kawula anjagi tapêl watês praja samantên taun dangunipun wau, kawula dèrèng nate pinanggih Nyeweja [Nyewe...]

--- 276 ---

[...ja] punapadene prajuritipun. Kintênipun manawi kawula bidhal dhatêng tapêl watês malih, piyambakipun inggih lajêng mundur ngantos langkung têbih. Utaminipun kados saupami piyambakipun punika dipun angkah sagêda nglangkahi tapêl watêsing praja ngriki, ing ngriku ing mangke prajuritipun sagêda katumpês babar pisan. Ingkang punika mugi paduka krêsaa andhawuhi Dhobrinya kemawon bidhal mêthukakên Nyeweja wau. Awit kawula pitados, bilih Dhobrinya badhe sagêd anjagi tapêl watês praja, lan ugi badhe kuwagang mêngsah pun Nyeweja wau.

Aturipun Alyasa ingkang makatên wau, adamêl lêganing panggalihipun sang prabu, salajêngipun sanalika Dhobrinya kadhawuhan bidhal dhatêng tapêl watês amêthukakên mêngsah.

Dhobrinya lajêng mundur saha lajêng bidhal anilar kadhaton.

Lampahipun Dhobrinya anjujug ing griyanipun piyambak rumiyin, saha lajêng enggal-enggal lumêbêt ing sênthonging ibunipun. Wontên ing ngriku piyambakipun ujug-ujug ngrungkêbi pangkoning ibunipun sarwi tawan tangis. Ibunipun saklangkung kagèt saha lajêng apitakèn makatên:

Gèr, anakku, apa kang dadi darunane têka kowe ujug-ujug tawan-tawan tangis mangkono.

Dhobrinya: O, ibu, mênggah prêlunipun kemawon punapa dene kula dipun lairakên wontên ing donya punika. Kenging punapa dene kula botên dipun lairakên awujud sela kemawon, ingkang lajêng kabucal wontên ing satêngahing samodra. Dados kula lajêng sagêd gumlethak wontên ing dhasaring sagantên kanthi manah ayêm, tanpa ngraosakên susah tuwin prihatos. Lan salami-laminipun kula inggih lajêng botên badhe sêsrawungan kalihan manungsa, ingkang tansah bêntèr-binênteran tuwin awon-ingawonan. Kula inggih lajêng botên prêlu tansah anjajah ing praja Ruslan, lan kêpêksa kêdah amêjahi sasamining manungsa. Sabab sanadyan ingkang kula pêjahi punika mêngsah, nanging sadaya wau ugi anggadhahi biyung, bojo utawi anak, ingkang badhe anangisi kala pêjahipun wau. Dhuh, ibu, ugi samangke kula kêpêksa nilar panjênêngan tuwin putra mantu panjênêngan, prêlu nglurug amêngsah Nyeweja. Salajêngipun badhe wontên rah mili dening pêdhang kula punika, lan badhe kathah tiyang ingkang tanpa dosa daleweran luhipun.

Ibunipun amangsuli: Dhuh, anakku lanang, Dhobrinya. Saupama gumantunga nyang aku, ibumu, lairmu ana ing donya iki mêsthi tak gawe beda. Kabèh kautaman mêsthi tak dunungake ana ing awakmu, supaya karosanmu kuwi bisa amadhani kaya: Swatogor, bêgjamu kaya Ilya, kêkêndêlanmu kaya: Alyasa, brigasmu nunggang jaran kaya: Mikalya, sugihmu kaya: Sêtepadowic, lan bagusmu sarta mungguhmu kaya Prabu Wladhimir. Nanging ing bab iki manungsa ora anduwèni kuwasa apa-apa. Manungsa mung drêma dilairake kaya dene krêsane Ingkang Kuwasa. Lairmu ana ing donya wis mêngkono, dadi kowe iya kudu sing narima.

[Iklan]

Dhobrinya: Manawi makatên, ibu, kula nyuwun bêrkahipun ibu kemawon, supados lampah kula punika pinaringan wilujêng, lan kula nyuwun gênging pangapuntên, dene kula asring botên andhèrèk punapa dhawuhipun ibu.

Dhobrinya lajêng jèngkèng wontên ing ngajêngipun ibunipun, lan ibunipun kalayan carocosan êluhipun lajêng ngaras Dhobrinya wontên ing bathukipun. Sasampunipun Dhobrinya lajêng nuju dhatêng kamaripun ingkang èstri, ingkang ing kala punika sawêg sakeca-sakecanipun tilêm, ing kala punika Dhobrinya botên têgêl anggugah ingkang èstri, amila inggih lajêng têrus bidhal tanpa pamitan dhatêng ingkang èstri.

Salajêngipun Dhobrinya ngisèkakên jêmparing ing bumbungipun, ngrasuk pangangge kaprajuritan, nyêngkêlit pêdhang, sarta ambêkta sangu arta sakampil. Sasampunipun lajêng dhatêng ing gêdhogan, anglapaki kapalipun sarta suka parentah ingkang prêlu-prêlu dhatêng gamêlipun. Dhobrinya lajêng nyengklak kapalipun saha nuntên badhe bidhal, nanging dumadakan wontên wanita kalih ingkang amlajêngi, lan sami nyandhak sôngga wêdhining kapalipun. Wanita kêkalih wau ibunipun tuwin semahipun.

Kacariyos nalika Dhobrinya mundur saking ngajêngipun ibunipun, ibunipun namung lênggah kalayan nangis, nanging botên watawis dangu lajêng kèngêtan dhatêng mantunipun, ingkang tamtu langkung prihatos. Amila ibunipun Dhobrinya wau lajêng mênyat murugi kamaring mantunipun sumêdya anglêlipur manahipun. Sarêng sumêrêp bilih mantunipun taksih tilêm lajêng dipun gugah sarta dipun cariyosi makatên:

Dhuh, anaku wadon, Natasiyah, tumuli tangia. Anggonmu turu têka kêpenak têmên, ora ngrêti yèn bakal nômpa susah kang gêdhe. Andadèkna kawruhanamu, Natasiyah, Dhobrinya saikine ninggal kowe lan aku, malah saiki bokmanawa wis nunggangi jarane. Enggal mêtua ing jaba, lan takonana bojomu, mênyang ngêndi parane, lan apa bakal suwe lungane. Badhe kasambêtan.

--- [33] ---

Nomêr 9, 2 Marêt 1938, taun III.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Rêbo

Kamajêngan Cêngkah: Kasusilaning Wanita Jawi

[Grafik]

Biyang: Marta Sleman

Nuwun, kawrat ing kalawarti Kajawèn, makatên ugi ing sêrat-sêrat kabar sanès, botên pilih sêrat kabar Jawi, Malayu, Walandi lan sanès-sanèsipun, tansah gilir gumantos botên wontên kêndhagipunkêndhatipun. ngêwrat gêgubahan, sawênèh gambar-gambar, ingkang mratelakakên bab kamajênganing wanita, nêrang-nêrangakên bab watês-watêsing kamajênganipun. Ingkang makatên wau inggih sampun salêrêsipun, sabab lajêng kenging kangge nglaras sarta nimbang-nimbang tumrap kamajênganing sanès panggenan, supados ing têmbe sagêd rampak majêng sêsarêngan.

Nanging: sangêt ing panyuwun kula dhumatêng para nupiksa, langkung-langkung tumrap bôngsa kula golongan ibu, mugi samia prêmati, ingkang emut lan waspaos, panglaras sarta panimbangipun ingkang taliti. Awit ing ngriku kathah sangêt gubahan tuwin gambar-gambar, ingkang sagêbyaran pancèn katingal maya-maya amencutakên, nanging yèn kagathukakên dhatêng kasusilaning wanita Jawi, sok rujak sêntul, ngalèr kalihan ngidul.

Mila kula sangêt wantos-wantos dhatêng para ibu, awit inggih panjênênganipun punika ingkang ngasta pusaraning tuntunan panggulawênthah dhatêng putra-putra, ingkang ing têmbe supados dados putra ingkang utami, sagêd nênuntun rahayuning sasrawungan sarta bêbrayan.

Kamajênganing wanita ingkang kêrêp kula sipati, utawi kula maos ing sêrat-sêrat kabar, ingkang sajak cêngkah dhatêng kasusilaning wanita Jawi, kados ta ingkang kasêbat ing ngandhap punika:

Sêsrawungan mardika (vrije omgang), punika bokmanawi kajêngipun badhe anjunjung drajating wanita, awit pancèn ingkang dipun emba inggih makatên punika kajêngipun. Nanging tumrap kula sadaya, ingkang dipun telad namung sakêdhik, inggih punika oyak-oyakipun anggènipun grudag-grudug mrika-mriki, dene anggèning tumindak ing damêl sêsarêngan kirang dipun gatosakên, trêkadhang malah botên katindakakên babar pisan. Inggih sami nindakakên, nanging yèn batminton, tènisên nonil [no...]

--- 34 ---

[...nil] sêtêkên lan sapiturutipun kapilih ingkang sagêd damêl gambiraning manahipun piyambak-piyambak. Nanging yèn ngudi pêrekonomian (kagêmèn) panggulawênthah jalu wanita ingkang supados sami nglênggahi hakipun piyambak-piyambak, lan taksih kathah sangêt ingkang prêlu-prêlu, punika sajak sami botên katêngênakên.

Gubahan kasêbut nginggil punika, kula salugu namung nglaras saking pamanggihipun êmbah-êmbah ingkang kina-kina. Bab pamawasipun tumrap kamajênganing wanita ing jaman samangke, sakêdhik sangêt ingkang jumbuh kalihan panjênênganipun.

Cuplikan sakêdhik, saking pangandikanipun para êmbah, ingkang sajak botên rila dhatêng kamajênganing wanita Jawi.

Êmbah: E, bocah wadon saiki kuwi, kathik oyok-oyokan karo bocah lanang sing dudu akrabe ngono, salagine karo sadulur dhewe, yèn wis wayah diwasa ngono kuwi, wis nganggo tatanan kudu pilah. Kêjaba ta nindakake sawijining pagawean kang kudu ditindakake lanang karo wadon, utawa sing kudu dipitulungi dening wong lanang. Badhe kasambêtan.

Biyang: Marta Sleman.

Tatacara Warni-warni.

Sambêtipun Jagading Wanita ing Kajawèn nomêr 12.

5. Dipun agêng parimarmanipun upami sanak sadhèrèk pawong mitra wontên ingkang têtela kalêpatan, punika kêdah dipun apuntên. Manawi piyambakipun ingkang lêpat, inggih sampun awrat nêdha pangapuntên.

6. Bilih piyambakipun manggih kabêgjan utawi tampi kasugihan, kanugrahan, minggah pangkat, sampun ngantos gadhah panganggêp utawi ing sêmu angrèmèhakên dhatêng sasami utawi dhatêng mitra-mitranipun, prayogi ingkang sami kemawon kalihan adat sabênipun, sukur bage sèwu sagêd amitulungi anjunjung manginggil dhatêng sanak sadhèrèk pawong mitranipun ingkang tansah andhap.

7. Sasagêd-sagêd mitulungi dhatêng kasangsaran, tuwin damêla sênêng ing liyan, sampun ngantos damêl sak sêrik agêngipun nindakakên pandamêlan ingkang anjalari dados rêkaos utawi sangsara.

8. Bilih mitranipun angundang, dhatênga. Yèn pisah nyambêta. Manawi nuju sakit, tuwia. Bilih nuju kasripahan, anglayata. Makatên salajêngipun angangge sipat ingkang utami, nilara sadaya pandamêl ingkang kirang prayogi.

9. Bakunipun tiyang wontên kalanganing papan karamean punika sagêda nindakakên pandamêlan ingkang langkung luhur, inggih punika: 1 sagêda migunani ing liyan, sarta badanipun piyambak ugi sagêda pikantuk paedah. 2 mandhapipun: sagêda migunani ing liyan, badanipun piyambak botên prêlu angsal paedah, kajawi namung pikantuk kautamèning kabatosan. Kados sampun cêkap samantên.

Sutinah-Majakarta.

--- 35 ---

Watak Jirih.

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 14.

Piwulang kasêbut ing nginggil wau mêngku kajêng supados lare ajrih anglampahi kalêpatan, amila dipun ajrih-ajrihi dhatêng tiyang ingkang kasinungan panguwaos, dados inggih sampun lêrês. Nanging tumrap lare, makatên punika botên mangrêtos, manawi ingkang dipun kajêngakên sampun anglampahi pandamêl lêpat. Dene punggawa nagari punika ingkang mriksa tiyang ingkang nglampahi kalêpatan, manawi nyata lêpat dipun ukum. Panampinipun lare namung kêdah ajrih dhatêng para ingkang nyêpêng panguwaos.

[Grafik]

Nyi Darmaprawira.

Jalaran wiwit alit dipun kulinakakên ajrih dhatêng priyantun, amila kathah kemawon tiyang ingkang ajrih nglairakên raosing manahipun ingkang sampun lêrês, dipun pilalah kèndêl kemawon, awit saking ajrih. Dados sulaya kalihan kajêngipun piwulang ajrih nglampahi pandamêl lêpat botên kok lajêng ajrih dhatêng priyantun makatên. Patrap ingkang kados makatên wau adamêl kapitunanipun piyambak inggih adamêl karibêdanipun para priyantun anggèning nindakakên kuwajibanipun.

Saking pamanggih kula, sampun ngantos lare punika dipun ajrih-ajrihi dhatêng priyantun, nanging kêdah dipun gêgulang angaosi sapantêsipun, saha kêdah dipun sêrêp-sêrêpakên manawi priyantun punika ingkang kajibah rumêksa kawilujêngan. Mila botên prêlu dipun ajrih-ajrihi kadosdene ajrihipun dhatêng mêmêdi saha dhatêng kewan galak, nanging kêdah dipun aosi.

Ajrih dhatêng dhoktêr, ajrih lumêbêt dhatêng griya sakit, punika sampun gênah lêpatipun, amila dipun parsudia murih sirnaning piwulang ingkang mrêngkang saking salêrêsipun.

Lare dipun ajrih-ajrihi kesah dhatêng sanès panggenan punika inggih kirang prayogi, awit ing ngakiripun ajrih kêkesahan mêdal saking padununganipun, sanadyan sajatosipun prêlu sangêt kesah mangupa jiwa, dipun pilaur wontên ing griya saugi cêlak kalihan kulawarganipun, tekadipun nêdha botên nêdhaanêdha. inggih dipun têmaha. Tiyang ingkang kados makatên punika sêsêrêpanipun kados bêbasan: kodhok ing jêro bathok, ingkang dipun sumêrêpi dhasar namung sakiwa têngênipun kemawon, botên sumêrêp manawi jagad punika jêmbar, cêkap kangge mangupa jiwa. Môngka tiyang punika manawi jajah, pikiranipun lajêng jêmbar, manahipun tatag, botên pakèwêd anggènipun ngupados sandhang têdha. Tuladhanipun bôngsa Tionghwa, sanajan taksih alit sampun purun nilar nagarinipun, prêlu ngupados sandhang têdha.

Nyi Darmaprawira.

--- 36 ---

Krupuk Uwos (Gêndar) Wijil saking Cêpu.

Angêdanga uwos pêthak, toyanipun karon mawi kaworana sarêm: blêng (cêthithèt) sasampunipun matêng, lajêng kadhêploka ingkang ngantos lêmbat sangêt, manawi sampun dados têtêlan, lajêng kaglintirana agêngipun watawis sanèkêr-nèkêr, tumuntên kagilêsa ing gêndul wontên ing têlênan kalihan ingkang kêpara rosa pamênêting panggilêsipun, lan ingkang ngantos sagêd tipis anapis (wradin), wangunipun kadamêla bundêr lonjong (bligon) lajêng kapepea.

Panatanipun pangêpe lempengan wau sampun ngantos tumpang-tindhih, wontên ing tampir ingkang wiyar tuwin mawi kalambarana lêmbaran godhong pisang, manawi sampun garing sayêktos, sawêg kenging karimat, namung sabên badhe karsa anggorèng, kêdah mawi kapepea malih rumiyin sawatawis dangunipun.

Manawi anggorèng môngka lisahipun kêsêpuhên, wajanipun enggal kaandhapna, kenging kacêmplungan krupuk ngantos sawatawis rambahan. Bilih lisahipun sampun ênèm, wajan sawêg kaêngkrêngna malih, makatên wau prêlunipun supados sagêd mrusuh-mrusuh, botên bangkak.

Krupuk gêndar kados makatên punika: wêdal damêlan saking Cêpu, beda sangêt lan sanès-sanèsipun, krupuk wos mijil Cêpu wau, sangêt êmpuk, sanadyan tiyang ingkang sampun ompong inggih sagêd nêdha, amargi botên susah sami kamamah barang, jangji sampun kakênyamakên: sampun sagêd ajur piyambak. Sumôngga sami kacobia.

Nyai Pranata.

Bab Pakulitan.

Tumrapipun golongan ibu, pakulitan punika kêdah dipun jagi sangêt, langkung-langkung tumraping praupan, murih sampun ngantos wontên cacadipun. Awit cacad ingkang wontên praupan, punika gampil sangêt katingalipun, jalaran pancèn botên dipun tutupi. Mila praupan ingkang botên dipun tutupi, prayogi kajagi sayêktos, supados sampun ngantos kampiran: cacad ingkang andadosakên cuwaning manah piyambak.

Mila inggih wontên lêrêsipun, tumrap wanita bôngsa kilenan, anggènipun anjagi pakulitan ngantos dipun rencangi ngêdalakên wragad ingkang botên sakêdhik.

Kula botên pisan-pisan gadhah sêdya supados golongan ibu niru caranipun wanita kilenan, namung prêlu ngandharakên lugu bab tataning kajawèn ingkang sagêd mathuk, inggih punika ingkang tumuju dhatêng kasarasan, utawi pakulitan sagêd panggah sae, nanging samantên wau kêdah ngrêtos sarat rukunipun, tur kanthi tumindak prasaja.

Praupan ingkang botên katutup, sampun cêtha sangêt gampil kengingipun hawa ingkang awon, sarta rêrêgêd ingkang botên gampil enggal kauningan, kados ta: lêbu sasaminipun. Badhe kasambêtan.

Êmbok Sundiyah.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 19, Stu Wa, 3 Sura Jimawal 1869, 5 Marêt 1938, Taun XIII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [277] ---

Ôngka 19, Stu Wa, 3 Sura Jimawal 1869, 5 Marêt 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Raos Suka ingkang Marêmakên - Têtanèn ing Patênggêran - Ing Bab Kasangsaran Montor Mabur - Bab Gôngsa - Pilêm Kolonisasi - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Mindhak sêpuh

Manawi miturut petangan taun, sabên taun tiyang punika umuripun inggih mindhak sataun, silêming taun Ehe, atêgês sampun mindhak sataun, wiwit ngancik taun Jimawal, nama anggrêmêt badhe mindhak sataun malih.

Upamia cara among dagang, ing wêkasaning taun wau wancinipun ngetang bêbathèn, utawi ngetang kapitunan. Nanging tumraping tiyang gêsang limrah, wontênipun namung angèngêti lêlampahan ingkang sampun, manawi dipun titi, ing salêbêtipun taun ingkang sampun kapêngkêr namung isi bingah tuwin susah, saupami dipun inggahna dumugi taun-taun ingkang sampun kapêngkêr dangu, isinipun inggih namung bingah utawi susah, dados caraning among dagang pinanggih pog-pogan kemawon.

Manawi angèngêti tataning gêsang limrah makatên punika, indhaking umur punika pasaksènipun namung pinanggih wontên ing kulit, dangu-dangu saya ngalunthung, nanging tumrap ing kabatosan, pinanggih taksih ajêg kemawon, dèrèng wontên sêpuhipun.

Nanging manawi dipun manah yêktos, lugunipun botên makatên, batos punika inggih saya sêpuh. Tandhaning sêpuh, dene kabêtahanipun saya beda-beda.

Sawêg mirida saking wêwatêkan, wêwatêkaning lare umur sadasa taun kalihan tiyang umur kalih dasa taun sampun beda, makatên salajêngipun. Manawi miturut katrangan ingkang kados makatên wau dados cêtha bilih kawontênanipun tansah mindhak.

Namung tumraping lampah kabatosan, punika asring wontên pitakenan, sasampunipun mindhak samantên taun, anggèning nglampahi kabatosan sampun mindhak sapintên utawi mindhak punapa.

Sayêktosipun pitakenan makatên wau angèl anggènipun mangsuli ingkang ngantos sagêd plêg. Nanging ugi wontên ingkang sagêd suka katrangan kanthi cocoging raosipun, bilih sampun mindhak, punika sagêd nitik saking ewahing lampah, wêwatêkan tuwin sanès-sanèsipun. Wontên malih ingkang suka katrangan, salêbêtipun pintên-pintên taun, punapa namung tumindak sinau, têgêsipun tumindak ing pandamêl lêrês, ingatasing kabatosan.

Sadaya wau dados katrangan ingkang adhêdhasar indhaking umur.

Cêkruktruna.

--- 278 ---

Raos Suka ingkang Marêmakên

Ngantos dumuginipun sapunika, raos pangajêng-ajêng nyumêrêpi gambar dalêm Putri Beatrix tansah wontên kemawon. Bab punika ugi sampun kêlampahan, ing Kajawèn ngêwrat gambar dalêm sang putri, piyambakan nalika sawêg yuswa 48 jam, saha gambar nalika dipun bopong ingkang rama.

[Grafik]

Nanging gambar kados ingkang sampun wau taksih nuwuhakên pangajêng-ajêng nyumêrêpi gambar dalêm sang putri sanèsipun sasampuning mindhak yuswa, amargi warni dalêm wau dèrèng katingal cêthanipun ingkang yêktos.

Makatên ugi pangajêng-ajêngipun ing ngakathah anggèning badhe nyumêrêpi gambar dalêm Sri Paduka Prinsès Juliana sasampunipun ambabar tansah wontên kemawon.

Dumuginipun sapunika, wartos-wartos ingkang gêgayutan kasugêngan dalêm Sri Paduka Prinsès Juliana tuwin Putri Beatrix tansah lumintu, saha pinanggih botên kirang satunggal punapa.

Malah ing dintên punika Kajawèn sampun sagêd ngêwrat gambar-gambar wau.

Ing ngriki para maos sagêd anggambarakên piyambak mênggah raos sukaning rama ibu ing kala nungkuli putra punika. Ing ngriku katingal sêngsêm dalêm sakalihan, ingkang araos adamêl marêming panggalih.

Ing pamuji mugi putri darah oranyê punika lulusa walagang sampun kirang satunggal punapa.

--- 279 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Têtanèn ing Patênggêran.

Têtanèn ing Patênggêran punika kenging kula perang dados kalih, inggih punika: a. têtanèn ingkang mligi kangge bakuning têdha, b. têtanèn ingkang asilipun kangge padagangan.

[Iklan]

Bakuning têdha têtiyang ing Patênggêran punika jagung, pantun botên sagêd gêsang wontên ing Tênggêr, kabêkta saking hawanipun. Landbouwproeftuin sampun nate nyobi nanêm gandum saking nagari Walandi, nanging botên sagêd gêsang. Têtanèn jagung ing Tênggêr punika beda tinimbang ing sanès panggenan. Ing ngriku punika wontên têtanèn ingkang kawastanan "tumpangsari", inggih punika tanêman kalih warni katanêm nunggil ing sapanggenan. Beda kalihan ing tanah ngare, nanêm pantun thok, palawija inggih mligi palawija. Dene tanêman ing Tênggêr ingkang katanêm nunggil wau inggih punika jagung lan kênthang. Tanêman jagung wontên ing Tênggêr umuripun ngantos 7-8 wulan, kênthang 3-4 wulan. Têtanèn ingkang kawastanan tumpangsari wau wontên ing pasitèn ingkang inggilipun 1000 mètêr minggah. Patêgilan jagung kathah sangêt lan wiyar-wiyar, manggèn wontên ing

--- 280 ---

pêpèrèng lan ing jurang-jurang. Ing patêgilan wau têmtu wontên pondhokanipun alit-alit kangge ngaso ing sasampunipun madamêl.

Ingkang katanêm wontên ing têtanèn tumpangsari kasêbut nginggil wau ingkang rumiyin jagung. Patrapipun botên beda kados ing sanès-sanès panggenan. Manawi tanêman jagung wau sampun umur 7 wulan, wiji kênthang wiwit kasêbar. Lan jagung umur 8 wulan lajêng dipun ênèni (caranipun Tênggêr dipun pêcok) ngiras andhangir tanêman kênthang. Wusana lêt sawulan jagung katanêm malih. Manawi sampun umur 2 wulan, lajêng kadhangir ngiras andhudhuk kênthang ingkang sampun wancinipun dipun undhuh. Makatên sapiturutipun, tanêman warni kalih wau tansah sêsarêngan lan urut-urutan kemawon, ngundhuh satunggalipun ngiras andhangir satunggalipun.

[Grafik]

Dhukun punapadene têtiyang ing Tênggêr.

Têtanèn ing Patênggêran punika taksih prasaja sangêt. Pambudidaya amrih mindhak saening asil siti kalayan tatanan gagrag enggal prasatprasasat. dèrèng wontên. Panindakipun namung salugu naluri kados ingkang tumindak wingi-wingi sarta namung pasrah dhatêng krenahing alam. Ing mangka alam punika asring-asring botên koma-koma dhatêng tanêman kalih warni kasêbut nginggil, mila sok anjalari kapitunan agêng. Ingkang kula kajêngakên ing ngriki inggih punika wontênipun jawah lan angin. Jawah ingkang agêng punika anjalari tanêman kênthang sami bosok, kados ingkang kalampahan ing taun ingkang kêpêngkêr, tanêman kênthang ing sawêwêngkon Tênggêr mèh sadaya risak. Botên namung ing Tênggêr kemawon, nanging malah ing sa-Tanah Jawi, ngantos rêgining kênthang kala samantên anjomplang tikêl. Pinanggihing papriksan, tanêman wau katêrak ing sêsakit Slijmziekte.

Dene ingkang anjalari risaking tanêman jagung punika angin agêng, ingkang mangsanipun ing wulan Pèbruari utawi Marêt. Samôngsa wontên angin agêng, têtiyang ing Tênggêr sami kraos asrêp, têtiyang tani nguwatosakên tanêmanipun jagung, bilih angin agêng saprapat jam kemawon sagêd damêl karisakan tanêman jagung sami ambalasah kasulayah.

Nanging sabibaring môngsa punika, bilih tanêmanipun kalis ing sambekala, bingahipun tiyang tani botên kadosa, awit sagêd ngundhuh tanêmanipun jagung. Tiyang tani wau lajêng ngawontênakên olah-olahan warni-warni saha eca-eca, kangge wilujêngan. Wilujênganipun inggih punika: sêkul tumpêng, sêdhah ayu, ulam ayam, sêkar, toya suci kawadhahan ing bokor, lan jajan pasar. Kajawi punika taksih kathah sangêt lêlawuhan sanèsipun malih ngantos satenggok. Dene wilujêngan wau ingkang ngujubakên dhukun (saminipun ing ngriki kaum, lan ing Bali [Ba...]

--- 281 ---

[...li] pêdhandha) anggènipun ngujubakên wontên ing tritisan. Patrapipun: manawi wilujênganipun sampun kadèkèk wontên ing tritisan ngriku, dhukun lajêng mapan linggih ngajêngakên prênahing rêdi Brama, kalihan ambêsêm sela (mênyan) kasarêngan andonga ingkang katujokakên dhatêng Sunan Thênguk, ingkang lênggah ing kawahing rêdi Brama, dhatêng Kyai Omah Nyai Omah, dhatêng Ibu Pêrtiwi sarta dhatêng dhanyang ingkang ambaurêksa toya. Wosipun donga wau ngaturakên panuwunipun pun anu anggèning angsal sih kamirahan awujud têdha, ingkang mêntas kaalap saking siti ngriku punika. Sasampunipun kaujubakên wilujênganipun lajêng kabêkta mlêbêt malih sarta lajêng ngundangi tôngga têpalih dipun jak nêdha eca. Badhe kasambêtan.

Supa.

[Iklan]

Pawartos saking Redhaksi

K. 4158 ing Surakarta. 13 Bêsar Ehe 1828, dhawah Sn Kli, 24 April 1899. 40 taunipun dhawah Sn Kli, 13 Bêsar Ehe 1868. Manawi petang taun Walandi, 40 taunipun dhawah 24 April 1939.

K. 3727 ing Tanjungkarang. Rê Wa 21 Siyam, 53 taun, ing taun Dal 1815 dhawah 24 Juni 1886, wuku Wayang, môngsa Kasa (I).

K. 2988 ing Ngayogya. Sade, basa Malayu no. 947 (Dubbelboekhouden) rêgi f 1.75.

K. 2632 ing Jatirata. Dèrèng wontên ingkang ngêdalakên.

K. 4924 ing Bayalali. Wontên ingkang nama Pêmimpin Tani ing Balige.

K. 762 ing Majakêrta. Sade, no. 761 (Pêmimin tukang lèstrik) rêgi f 1.60.

K. 5013 ing Sêmarang. 7 Marêt 1919, dhawah Ju Lê, 4 Jumadilakir, Wawu 1849. Pitakenan satunggalipun ngosok-wangsul.

K. 2312 ing Tulungagung. prayogi adamêla katrangan malih ingkang dipun pitakèkakên.

Tuwan W.S. ing Kêbumèn. Kintunan karangan sadaya sampun dumugi. Karangan ing bab pahargyan, sarèhning kathah ingkang sami kintun, namung badhe dipun pilihi ingkang sae. Gambar kakintunakên wangsul kirang cêtha.

--- 282 ---

Ing Bab Kasangsaran Montor Mabur

Kados para maos taksih tansah amanggalih ing bab kasangsaran montor mabur ing Batawi, awit pinanggihing kasangsaran wau anyarêngi môngsa ingkang kawigatosakên, dados dhawahing kasangsaran wau sarêng sampun sumêbar wartosipun, têtiyang kathah ingkang sami angakêni bilih sajatosipun sumêrêp ing kalaning dhawahipun kasangsaran.

[Grafik]

Anggèning sagêd cariyos makatên wau, mirid saking kala wontên montor mabur anggêgana, lajêng sumêrêp gêbyaring pêpadhang ingkang botên beda kados sêsulak urubing griya kabêsmèn, pancèn inggih nyata pêpadhang wau ingkang dados tandhaning kasangsaran.

[Grafik]

Dene ingkang langkung dados panggagas, punika ing bab lêlampahanipun ingkang sami tiwas, manawi sampun dumugining titimôngsa, dhatênging ngajal sampun botên kenging dipun singkiri. Môngka manawi miturut lêlampahanipun tiyang gangsal ingkang sampun sami tiwas, botên kêkirangan lêlampahan ingkang langkung nyamari ingkang sampun dipun lampahi. Tumrap pamarêming panggagas, namung lajêng dipun sèlèhakên bilih sadaya punika sampun pasthi.

--- 283 ---

Tumrap kalimrahan gêgayutanipun kalihan tatakrama tuwin kawiryan, layonipun para ingkang tiwas, sami amanggih kamulyan, pinèngêtan wontên ing buku babading praja, saha badhe dipun èngêti. Minôngka katrangan sawatawis mirid katranganing gambar. Ing sadèrèngipun miwiti anggêgana, para pangagêng anggêgana militèr sami ngalêmpak wontên ing papan anggêgana ing Cililitan, têtindhihipun Kolonèl Van Oyen, ingkang kacêtha ing gambar nginggil piyambak, ing golongan kiwa, ingkang têngah. Miturut katranganipun Kolonèl Van Oyen, hawa gêgana ing dalu wau pinanggih ragi sae. Tumraping militèr kawontênan ingkang kados makatên punika pinanggih botên andadosakên pambêngan. Makatên malih tindak wau namung sawêg kangge cobèn-cobèn, dèrèng manawi wontên damêlipun yêktos.

Dumugining dhawahipun kasangsaran, para tandang tulung ambyuk wontên ing papan kasangsaran, botên mawi milih golongan punapa, nanging têtiyang ingkang dipun pitulungi sampun sami tiwas, namung sagêd mêndhêti mayitipun, saha lajêng winadhahan ing pêthi, ingkang wujudipun adamêl trênyuhing manah. Mriksanana gambar têngah ing ngriku Kolonèl Van Oyen mêdhar sabda ingkang gêgayutan kalihan kasangsaran wau, saha damêl pangimur dhatêng para kulawarganipun ingkang sami tiwas.

Ing papan kasangsaran ngriku pinanggih tabêt-tabêt ingkang ngêrês-êrêsi. Dene salajêngipun, tilas-tilas raganganing montor mabur Glenn Martin 506 dipun pêndhêt wontên ing ngriku. Mriksanana gambar ngandhap punika.

[Grafik]

Ing bab layonipun Tuwan Kokehin, sarêng wontên wartos kabêkta dhatêng Munthilan, wartosipun lajêng sumêbar dhatêng golonganing bôngsa Tionghwa ing Ngayogyakarta, Magêlang tuwin sanès-sanèsipun. Ing ngriku lajêng wontên wara-wara saking golongan wau supados para bôngsa Tionghwa sami ngurmatana dhatêng layonipun Tuwan Kokehin.

Kêlampahan kala dhatêngipun sêpur kilat saking Batawi ingkang ambêkta layonipun Tuwan Kokehin, kathah sangêt ingkang sami mapag. Ngantos dumugining panguburipun pisan ing Munthilan, katingal dipun urmati ing bôngsa Tionghwa tuwin sanès-sanèsipun.

--- [284] ---

Kagunan Jawi

Bab Gôngsa.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 18.

Awit ukara ingkang rumiyin ungêlipun makatên, ing môngka ing suling ngriku cacah 7 swara, dados inggih 7 swara punika sanyata bibiting gôngsa kagunan swara Jawi punika, ingkang sipat slendro pelog. Lo la tiyang cêtha dados bibiting gôngsa kagunan swara jawi ingkang sipat slendro pelog, kok lajêng ngalih dados paugêraning nglaras, la rak inggih lajêng dhapur ngingêr basa ngêlih surasa, manawi namung kangge paugêraning nglaras, sanadyan gêndèr, gambang, lan sanèsipun inggih kenging kemawon.

Pitakèn kula bab monggang lan kodhokngorèk, Tuwan Sumadi botên priksa ênèm sêpuhipun, ananging ingkang dipun wastani monggang wau gêndhingipun. Manawi gamêlanipun, gamêlan limrah. Mênggah sêsêrêpan kula ingkang nama monggang lan kodhokngorèk punika inggih gamêlanipun inggih gêndhingipun. Ananging namaning gêndhing wau namung katut saking namaning gamêlanipun. Awit sadaya ungêling têtabuhan ingkang lagunipun cêlak sangêt punika botên mawi namaning gêndhingipun, kados ta, têtabuhaning reyog, kêtuktilu ing Priyangan, tabuhan kêmanak kêthuk kêndhang kênong gong ingkang kangge bêksaning badhaya Srimpi punika ungêling têtabuhanipun botên nama gêndhing, ingkang nama gêndhing laguning panggerongipun, malah ungêling kodhokngorèk ing kraton Surakarta, mawi dipun sarêngi ungêling gêndèr kalih pangkon, ingkang lagunipun têbih sangêt kalihan laguning kodhokngorèk, laguning gêndèr wau dipun wastani gêndhing Kêmbangtiba. Makatên ugi rakitaning gôngsa monggang lan kodhokngorèk ing kraton Surakarta punika botên kados rakitan gamêlan limrah, môngka Tuwan Sumadi ngandika: Rakitaning gôngsa monggang punika inggih rakitan gôngsa limrah, ingkang makatên wau kula namung nyumanggakakên.

Tuwan Sumadi ngandika, suling ingkang bolong 6 sagêd ngêmot laras slendro pelog, janji lêrês pambolongipun punika kula botên maibên, ananging sadaya gamêlan ing kraton Surakarta lan ing Mangkunagaran, lan ing pundi kemawon janji cara Surakarta, sulingipun botên wontên ingkang bolong 6, ingkang makatên punika sagêd ugi tukang damêl suling ing Surakarta botên sagêd ambolong 6 ingkang lêrês.

Pitakèn kula bab bonang slênthêm saron pelog ingkang sagêd ngêmot laras slendro punika gamêlan pundi. Panjawabipun Tuwan Sumadi ngingêr basa malih, lajêng botên mawi waton wujuding gôngsa, nanging namung waton suling ingkang bolongan 6, môngka pitakèn kula wau namung miturut pangandikanipun Tuwan Sumadi ing Kajawèn ôngka 103 wêdalan dintên Jumungah 4/12-'37. Kaca kiwa adêg-adêg ngandhap, ungêlipun makatên: dene ing slênthêm ngriku katingal rakitaning swara ingkang mahanani [mahana...]

--- [285] ---

[...ni]

slendro pelog bêm, pelog barang, dados cêkak manawi panjênêngan kagungan slênthêm (saron) bonang ingkang pelog, panjênêngan sagêd damêl gôngsa 3 rakitan, gôngsa siji laras kasêbut nginggit.nginggil. Pangandika ingkang kados makatên punika punapa botên cêtha ngangge wêwaton slênthêm bonang saron pelog, wasana jawabanipun Tuwan Sumadi botên prêlu ngèmbèt gôngsa, gôngsa botên tumut-tumut. La rak inggih anèh malih, dene karsa nyelaki pangandikanipun piyambak, tiyang ngrêmbag bab sêsêrêpan tumrap ngakathah kathik pijêr ngingar-ingêr basa nyantuni surasa kemawon, punika ngrêkaosakên ingkang ngladosi kalihan ingkang nguningani, mila manawi Tuwan Sumadi taksih kagungan cara ngingêr basa ngêlih surasa, kula sampun botên kaconggah ngladosi, wasana nyumanggakakên ngakathah.

Kodrat, Batawi sèntrêm.

__________

Redhaksi Kajawèn badhe nampèni wangsulanipun Tuwan Sumadi sapisan êngkas, caraning ngunjuk, gêlas-gêlasanipun sampun sami. Cêkap samantên kemawon.

Dene lêrês lêpating wawasan tumrap rêmbag punika, kados para maos ingkang migatosakên saha mangrêtos, sampun sagêd manggalih piyambak.

Red.

LOTERIJ

[Grafik]

--- 286 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Pilêm Kolonisasi.

IV.

Garèng : Wis, Truk, saiki omongmu aja talencengan, aja: mampir mas, mampir jêm, mampir êndhuk, êndhuk, nanging padha ambanjurake rêmbugane ing ngarêp, yaiku ing bab panggawene pilêm kolonisasi. Saiki aku arêp takon dhisik, mungguh sing dadi pilêm sêtèr-pilêm sêtèr, nèk cara Jawane iya pamaine gambar idhup kolonisasi kuwi sapa bae, Truk. Nèk gambar idhup kuwi mau arêp nyatakake kaanan sing satêmên-têmêne, mêsthine iya rada kisruh, luwih manèh yèn gambare diwiwiti mulabukane pisan, iya iku upamane diwiwiti nalika ingkang bupati paring katrangan marang wong-wong magang kolonis mungguh pranatane arêp boyongan nyang tanah sabrang. Wèh, apa ingkang bupati mau kudu diêrèh mangkene upamane: môngga, nang dalêm ababdi. dalêm aturi wiwit main...

Petruk : Wayah, kathik kaya dadi kêthoprak nganggo diabani: ayo, saiki dhonge kowe sing main, mas. Main ana ing pilêm, apamanèh pilêm kolonisasi, kuwi mung saadha-adhanyah bae, Kang Garèng, dadi upama arêp anjupuk gambare nalika ingkang bupati andhawuhi kandhidhat wong-wong sing arêp padha boyong nyang tanah sabrang, lakune iya mung lumrah bae. Yaiku ingkang bupati ngandika banjur dikontrak têrus-têrusan.

Garèng : Aja sêmbrana, Truk, arane rak dipotrèt, nèk dikotrèk kuwi rak yèn ambukak bir kae. Omongmu kuwi aku iya ngandêl, yakuwi anggone kabèh-kabèh dilakoni sarana barès-baresan, banjur dipotrèt. Nanging kowe aja lali, Truk, dipilêm kuwi wujude bakal cêtha ana ing gambar, kathik bakal ditongton wong sajagad abuh. Jalaran saka iku, mulane aku iya ora maido, yèn tukang main bioskup, kuwi lumrahe anggêre kabênêr kudu main, sakabèh-kabèhane dibudidaya sarwa : èksêtrah.

Petruk :Ora ngrêti aku nyang omongmu kuwi, Kang Garèng, tukang main gambar idhup, kathik diunèkake, yèn kabênêr lagi main, kabèh-kabèh sarana èksêtrah, lo, sing dièksêtrani kuwi apane.

Garèng : Awas, Truk, sing tak omongake kiyi tukang main gambar idhup sing lumrah kae, dadi iya pilêm sêtèr sing tulèn, lo kuwi jarene, yèn kudu main, kabèh-kabèh sarana èksêtrah, iki karêpe mangkene: Wis jamak lumrah manusa kuwi duwe watak: kêpengin diarani brêgas, bagus, ayu, manis, lan sapiturute. Luwih mênèh gambare arêp ditongton wong sajagad abuh akèh kae, rak iya lumrah, ta, yèn batine duwe pangarêp-arêp: muga-muga sing pada nonton gambarku iki padha ngarani: wa-dhuh, brêgase, wa-dhuh baguse, [ba...]

--- 287 ---

[...guse,] wa-dhuh manise, lan sapiturute. Jalaran saka iku rak iya lumrah manèh ta, yèn apa-apane banjur digawe èksêtrah, kaya ta: panganggone, odhênge, patrape, bokmanawa alise nganggo dikêrik anjalirit, malah ing sisih irung nganggo diwènèhi andhêng-andhêng barang, bèn katon lêwês.

Petruk : Wayah, sing duwe adan kaya ngono kuwi, rak pilêm sêtèr sing anggone main ana ing gambar idhup kuwi minôngka kanggo pênguripane, mulane yèn lanang dibagus-bagusake, yèn wadon diayok-ayokake, prêlune supaya disênêngi wong nonton, lan bisa lawas anggone dadi pilêm sêtèr kuwi mau. Seje karo pilêm kolonisasi kuwi mau, rak mung kanggo sambèn-sambèn lan sênêng-sênêng bae, dadi kabèh-kabèh têmtune iya mung ditindakake krana Allah bae.

Garèng : Tukang main kêthoprak utawa wayang wong kumpulan priyayi kae, nèk main iya ora nêdya golèk kasil sing kanggo cagak panguripane, ngêmungake kanggo sênêng-sênêng bae, ewasamono nalikane digêbyagake, sabab ditongton wong akèh, wèyèh, tandang-tanduke, le kathuwal-kêthuwêl, le anggèdhèg-gèdhègake sirahe, kok ya dikayang têmênan, nganti wong nonton wayang wong utawa kêthoprak, sanadyan wayang wong utawa kêthoprak kumpulan priyayi pisan, sabênêre iya nonton: wong gêmagus lan wong gêmaib...

Petruk : Iki seje manèh, Kang Garèng, wong dadi wayang wong utawa kêthoprak, kuwi diwajibake kudu gêmagus, saupamane bae dadi Radèn Arjuna, kok anggone anjogèd ambèthêm mrêngut, rak gampang diêloki wong nonton: Janakane dikon malêbu dhisik, lagi kabêlêt ngi... lo.

[Grafik]

Garèng : Wong sêmbrana, ngomong ora gênah mangkono. Ora, Truk, aku prêcaya yèn para maine pilêm kolonisasi kuwi mau, tumindake kanthi barès-baresan, mung bae ing sarèhne gambare sing sanyata-nyatane bakal ditongton wong sangalam dunya, sanadyan rambut pinara sêdhusin ora kêpengin di... wadhuh... dening wong sing nonton, mêsthine rak bisa uga ing batin anduwèni kuwatir: mêngko rupaku kiyi gèk betha-bèthu saru, suwaraku gèk kalomat-kêlamêt kaya Sang Patih Arya Sêngkuni, lo, jalaran [ja...]

--- 288 ---

[...laran] pikiran sing kaya mêngkono kuwi atine rak bisa uga ngêdhap utawa uwas, kang bisa anjalari tandang-tanduke nalika dipotrèt mau banjur kurang kabênêran aliyas ora bêcik. Nèk tindak sing kaya mêngkono kuwi mau wong lumrah, gampang dikandhani: busuk sêkali, ayo dhikêmbalèni lagi, balik yèn sing nindakake durung kabênêran mau ingkang bupati piyambak, apa iya mêntala matur mêngkene upamane: Kangjêng, saru mênika wau, kêdah dipun wangsuli malih.

Petruk : Nèk kaya ngono carane iya ora patut ingatase karo ingkang bupati, sabab iki kasar, mêsthine yèn arêp ngaturi supaya kudu dibalèni manèh, le ngaturi iya kudu mangkene upamane: wah, sampun sae, kangjêng, nanging manawi dipun wangsuli malih, bokmanawi langkung sae malih.

Garèng : Dene nèk sing kaping pindhone mêksa durung kabênêran manèh, le ngaturi ambalèni mangkene: wadhuh, jêmpol, sampun kalêrêsan sangêt mênika wau, langkung-langkung manawi samangke dipun wangsuli malih, kintên-kintên sagêd sampurna saèstu.

Petruk : Wiyah, apa prasaksat mung arêp anggunggung thok bae. Ora, Kang Garèng, mungguh sanyatane aku wajib angalêmbana bangêt marang para bupati ing Wanasari lan ing Bantul, anggone krêsa ambantu nyang ada-ada amboyongi wong-wong tani nyang tanah sabrang iki, nganti ora lingsêm lan wêgah digawe pilêm, ora lingsêm anggone gambare salirane bakal ditongton wong sangalam donya, lan ora wêgah anggone ambolan-balèni pamaine sing kanggo pilêm mau. Ing kono nyata têmênan, yèn para bupati mau padha mangrêtos mungguh gunane kaum tani padha pindhah nyang tanah sabrang, yaiku ora ngêmungake kaum tani mau ana ing kana bisa anduwèni pangarêp-arêp anduwèni panguripan kang kêpenak, nanging uga bisa ngêlongi cacah jiwane tanah Jawa kang wis kêna diarani mèh kêbak iki. Mulane sabên uwong iya kudu ambantu sakuwat-kuwate, supaya ada-ada ing dhuwur bisane kalêksanan kanthi bêcik.

Garèng : KatêranganamungKêtêranganamu. sing kaya mêngkono kuwi mau aku a-c-c, Truk, mula iya nyata, tanah Jawa wonge wis kêbak, dadi ya utama bangêt saupama akèh wong kang banjur padha pindhah nyang tanah sabrang, dadi sing kèri bisa ambêkan sawatara. Lan takjunjung sêtinggi puhun kêlapah, dene sing ada-ada mindhahi wong-wong ing tanah Jawa nyang tanah sabrang kuwi kangjêng rama guprêmèn. Nanging kumplite, kangjêng rama guprêmèn iya kudu krêsa ngabani: sê: top nyang: bôngsa Walônda, Tionghwa, Bombèi, bôngsa Yangko-Yangko pisan, sing arêp dêdunung ing tanah Jawa kene.

Petruk : Kene ora ngrêmbug ing bab kuwi, Kang Garèng, naging ing bab panggawene pilêm kolonisasi, mulane saiki padha ambanjurake rêmbuge bab ing ngarêp bae mau.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 1791 ing Ngayogya, f 12.- sampun katampi.

Lêngganan nomêr 3620 ing Banyumas, lêrês.

Lêngganan nomêr 3788 ing Bawang, wisêl f 6.- sampun katampi.

--- 289 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Juru misaya ulam bangsa Jêpan saya kathah. Wontên wartos, sampun sawatawis dintên wontên juru misaya ulam bangsa Jêpan saking Singapura dhatêng ing Pasar Ikan, Bêtawi malih, cacah wontên baita 3 sami kêbak isi ulam ingkang tanahipun sae. Saha salajêngipun, miturut wartos taksih kathah ingkang badhe dhatêng malih.

Jawah angin ing Cilacap. Sampun sawatawis dintên ing Cilacap wontên jawah kasarêngan angin agêng, kathah wit-witan ingkang rêbah, kawat telefoon tuwntuwin. lestrik pêdhot. Wontên wit kênari ing sacêlakipun palabuhan ambruk, adamêl kasangsaranipun tiyang kalih, sami nandhang tatu, salajêngipun tiyang kalih wau sami dipun bêkta dhatêng griya sakit.

Bab murid ingkang sêkolahipun lêlahanan. Miturut tatanan gemeente ing Bêtawi ingkang sampun tumindak, tumrap murid-murid ing pamulangan Vervolgschool wontên ingkang kalêpatakên ing bayaran, sarana mêndhêt pathokan, manawi têtiyang sêpuhipun botên kuwawi ambayar, tuwin larenipun ingkang nyêkapi kasagêdanipun. Nanging cacahing murid ingkang lêlahanan wau botên kenging langkung saking 5%. Mênggah caraning paniti tumrap lare ingkang dipun wastani nyêkapi kasagêdanipun, inggih punika ingkang pintêr, punika ragi rêkaos, awit ingkang dipun wastani pintêr wau mêndhêt ingkang pintêripun yêktos. Ing bab punika lajêng wontên rêmbag supados caraning suka kamirahan botên ambayar arta sêkolahan, kapêndhêtna wêwaton saking panggêsanganing têtiyang sêpuhipun kemawon.

Angin agêng ing Kupang. Miturut wartos saking Kupang, ing Kupang mêntas wontên angin agêng ingkang adamêl karisakaning pintên-pintên dhusun, saha damêl karisakaning griya-griya agêng ing Larantuka. Wontên lare 2 tiwas, kathah têtiyang nandhang tatu.

Tindak kalèntu ing griya sakit. Ing satunggiling griya sakit ing Jawi Wetan wontên tindak kalèntu anjampèkakên tès mripat ngangge jampi ingkang sagêd damêl kobong. Ingkang nindakakên wau mantri saking pakènipun dhoktêr. Rahayu dene tiyang ingkang dipun jampèni wau nalika dipun tès angêrêmakên mripatipun, anjalari jampi wau dhawah ing sajawining mripat, dados namung adamêl gosonging kulit kemawon. Ing bab punika lajêng dados rêmbaging para ingkang wajib, lajêng badhe ngawontênakên tatanan supados jampi ingkang mawa daya ngobong, dipun wadhahi ing gêbyas ingkang cucukipun nistha nêm, dados gampil lajêng kasumêrêpan.

Pandadaran radiotelegrafist tuwin telefonist. Miturut wartos saking Hoofdbestuur P.T.T., ing bab pandadaran radiotelegrafist tuwin telefonist alit, badhe kawontênakên ing Bandung ing wulan April ngajêng punika, ing sadèrèngipun têngah-têngahaning wulan. Sintên ingkang badhe tumut ing pandadaran wau, amacaka sêrat tanpa sègêl, janji botên awarni sêrat panuwunan. Kanthi ngintuna sêrat-sêrat katrangan ingkang pêrlu. Sadaya sasampuna katampèn wontên ing Voorzitter Examencommissie, Hoofdbestuur P.T.T. ing Bandung ing sadèrèngipun tanggal 11 Maart. Kajawi punika kakanthènana arta f 10,- inggih punika arta pandadaran, kakintunakên dhatêng Voorzitter wau. Ing papan suwekaning postwissel kasêrata pêrluning arta wau. Sawarnining katrangan sagêd mitêrang dhatêng pangagênging kantor post tuwin telegraaf.

[Iklan]

Basa Melayu gêgayutanipun kalihan Aneta. Wêwakiling parentah ing Raad Kawula Mr. Hartevelt anêrangakên bilih wartos-wartos Aneta ingkang dipun sade, miturut tatanan enggal punika, inggih punika telegrammen-dienst cêkakan, kêdah kasêrat botên ngangge basa Walandi, kajêngipun ngangge basa Mêlayu. Ingkang makatên wau tamtu badhe nyuda padamêlan tumrap padamêlan ing ariwarti.

Bidhal dhatêng papan paboyongan. Kapal Patras sampun bidhal saking palabuhan Tanjungpriok ambêkta têtiyang boyongan saking tanah Jawi kathahipun 1494 sami dhatêng Lampung. Wiwit tanggal 14 dumugi tanggal 25 Februari sampun wontên kapal 8 ingkang mbêkta têtiyang boyongan. Ing wulan Maart punika badhe ambidhalakên têtiyang dhatêng Lubuklinggau, ing salêbêtipun wulan Juni badhe ambidhalakên têtiyang dhatêng Bêlitang.Bêlitung. Dene tumrap boyongan dhatêng Selebes badhe dipun wiwiti wontên ing wulan Juli tuwin Augustus. Sadaya wau sagêda rampung wontên salêbêting taun punika.

Angsal-angsalanipun pakaryan Post ing wulan Januari 1938. Angsal-angsalaning pakaryan Post ing wulan Januari wau, tumrap post wontên f 977.234,-, telegram f 373.500,-, telefoon f 609.834.-. Kala ing wulan Januari taun 1937, post f 978.079,-, telegram f 441.965,-. Telefoon f 633.002,-.

Kêkirangan arta f 1200,-. Carikfonds ing Batang-batang, Pamêkasan, pinanggih kêkirangan araaarta. f 1200,-. Fonds punika ingajêng dipun cêpêng ing wêdana ingkang sapunika kapindhah saking ngriku.

Congres Nahdatul Ulama. Benjing salêbêtipun wulan April, Nahdatul Ulama badhe ngawontênakên congres manggèn ing Menes, Banten. Papan ingriku punika misuwur panggenanipun para golongan Islam ingkang kêncêng dhatêng agami. Miturut wartos sadhiyaning arta ingkang badhe kangge waragad sampun wontên f 10.000.-

--- 290 ---

Centraal Comite voor Steun ana Werkloozen. Wiwit tanggal 1 Januari dumugi tanggal 31 Januari 1938, babadan ingkang kasêbut punika nampèni darma-darma kathahipun f 214.334,-. Cacah samantên wau ingkang tumrap tanah ngriki wontên f 200.000,-

Ingsêr-ingsêran. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Wetan, R. Sukêlan alias Sosrohadisubroto, wêdana ing Ngadiluwih, Kabupatèn tuwin Paresidhenan Kêdiri, dados wêdana ing Pujon, Kabupatèn tuwin Paresidhenan Malang. M. Suparto, tijd. wd. Wêdana ing Sukapura, Kabupatèn Probolinggo, Paresidhenan Malang, dados wêdana ing Ngadiluwih. R.M. Panji Dirosugondo, wêdana ing Pujon, dados wêdana ing Sukapura.

Kadurjanan ingkang ambêbayani. Margi tram laladan Rêmbang pinanggih wontên tosan blebekan tapêling ril dipun colongi ing tiyang, ingkang anjalari sagêd damêl onyaning balok ganjêl ril saha sagêd damêl bêbaya. Ing bab punika pulisi tansah ngudi katrangan, wusana sagêd nyêpêng tiyang ingkang kadakwa nindakakên kadurjanan wau, inggih punika tukang bêsi, lajêng dados tahanan.

Ulam saking blèg. Tumindaking cobèn-cibèn damêl ulam wontên salêbêting blèg ing Banyuwangi tumuntên badhe dipun kèndêli. Cobèn-cobèn wau pinanggih titikipun sae, saha salajêngipun badhe dipun wiwiti malih wontên ing wulan Juli ngajêng punika. Ing pangintên ing sanès taun sagêd tumindak sae, samantên wau manawi tumindaking para juru misaya ulam sagêd anêtêpi wajib kados ingkang tumindak ing sapunika.

Cobèn-cobèn mêtêngi kitha Sêmarang. Miturut wartos ing Sêmarang mêntas kawontênakên cobèn-cobèn mêtêngi kitha. Pinanggih botên anguciwani.

Têtiyang ingkang angsal loterij nomêr 1. Miturut wartos ingkang angsal loterij nomêr satunggal, inggih punika ingkang satus èwu ingkang nêmbe kagêbag punika, têtiyang punggawaning P.V.M. (Tram ing kitha bêtawi). Loterij ingkang angsal wau asli anggènipun tumbas wontên ing dhepot ing station B.V.M. ngriku. Ingkang angsal wau kuli-kuli, condenteur, tukang karcis tuwin sanès-sanèsipun. Satunggal-satunggaling tiyang wontên ingkang tampi f 1000,-, wontên ingkang f 500,-, malah wontên condecteur No. 12 ingkang angsal f 10.000,- asli anggènipun tumbas piyambak sapradasan.

Pandhêlikan salêbêting siti. Awit saking kaparêng dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta, ing bab pangrêmbagipun gêdhong Kuning, supados dipun wêwahi yasan guwa pandhêlikan ing salêbêting siti, pêrlu kangge samangsa wontên bêbaya gas tuwin jêblosan. Ing yêyasan punika sampun gêgayutan rêmbag kalihan Pakaryan Pangayoman Gêgana. Ukuraning guwa wau 7x6.25 m, lêbêtipun 3 m, jêrambah tuwin langitipun sami bêtonan.

Tiwas jalaran ngisèni rèk jêklekan. Tuwan Velthuyzen, controleur B.B. ingkang nuju numpak kapal Dempo, nalika lampahing kapal dumugi Sabang, tuwan wau ngêjogi bènsin wontên ing rèk jêklekan, ingriku bènsinipun wutah anjalari kêbêsmi badanipun, saha salajêngipun andadosakên tiwas. Layon lajêng dipun kubur wontên Tapanuli, dipun jênêngi ing para pangagêng, B.B., agèn Rot. Lloyd tuwin sanès-sanèsipun. Residhèn ing Tapanuli mêdhar sabda.

Parêpatan ing Hof voor Mohammedaansche Zaken. Wontên wartos, ing tanggal 7 wulan punika Hof voor Mohammedaansche Zaken ngawontênakên parêpatan ingkang kapisan, manggèn wontên ing gêdhongipun piyambak ing Cikini. Sanadyan parêpatan wau botên kangge umum, nanging ing kala punika kawontênakên atur-aturan anjênêngi.

[Iklan]

Cultuur Mij. Vorstenlanden. Miturut wartos saking Sêmarang, adêging Cultuur Mij. Vorstenlanden sampun 50 taun. Pèngêtanipun botên mawi kawontênakên paargyan punapa-punapa.

AMERIKA.

Kasangsaran motor mabur. Kawartosakên, motor mabur ingkang dipun tumpaki Lord tuwin Lady Plunket manggih kasangsaran wontên sacêlakipun San Simeon. Jalaran dhawah wau saking kandêling pêdhut, salajêngipun kêbêsmi. Ingkang nglampahakên Tj. Philips. Ingkang numpak tiwas sadaya.

Wadya lautan Amerika. Miturut katrangan saking pangagênging wadya lautan Amerika, pandamêling dêdamêl lautan kangge pajagèn lautan Atlantic kanthi waragad 3.200.000.000 dollar. Waragd samantên punika kangge yasa kapal pêrang 166 tuwin kapal pambiyantu 53. dene rampungipun sadaya badhe kêlampahan ing salêbêtipun 10 taun.

ASIA.

Nyantosani sirnanipun madat. Awit saking dhawuhipun Jendral Chiang Kai Shek, para gupêrnur ing pintên-pintên provincie, supados ngawontênakên awisan nanêm wit apyun, ing pundi ingkang rumiyin dipun tanêmi apyun supados dipun santuni tanêman sanès, supados mêwahi pamêdal têtêdhan ing Tiongkok. Tindak wau sagêda tumular dhatêng laladan Tiongkok sanès-sanèsipun, ingkang wêkasan ing Tiongkok botên wontên têtanêman apyun malih.

Bajag ing sacêlakipun Shanghai. Sampun sawatawis dintên wontên têtiyang cacah 250 layaran wontên ing susukan Soochow, ingriku dipun têmpuh ing bajag cacah 20 sami sikêp dêdamêl. Para durjana wau lajêng purun nêmpuh kapal Jerman panggèrèt baita jong, salajêngipun lajêng anjarah barang bêbêktan saha lajêng kesah numpak baitanipun piyambak.

--- 291 ---

Wêwaosan

V Lêlampahanipun Ilya Tigang Rambahan.

55

Dèwi Natasiyah enggal-enggal mêncolot saking papan patilêmanipun, lan tanpa ngangge pangangge ingkang kandêl, ujug-ujug lajêng mêdal ing jawi. Ing kala punika Dhobrinya sampun badhe bidhal, sakala punika Natasiyah enggal-enggal nyandhak sônggawêdhining kapal, dene sônggawêdhi ing sisihipun dipun cêpêngi dening ibunipun. Wanita kalih-kalihipun ing kala punika sami atawan-tawan tangis. Kalihan carocosan luhipun, Natasiyah awicantên makatên:

Dhuh, Dhobrinya pêpundhèn kula. Punapa ta panjênêngan tega têmên dhatêng kula, nêdya nilar tindak tanpa pamitan dhatêng kula. Badhe dhatêng pundi tindak panjênêngan punika, lan punapa panjênêngan lajêng kondur punapa botên badhe dangu anggèn panjênêngan nilar kula tuwin ibu ingkang samangke sampun sêpuh punika. Mugi kula aturi ngandika benjing punapa kondur panjênêngan, supados kula tuwin ibu sabên dintên sagêda mêmuji kasugêngan tuwin ngajêng-ajêng rawuh panjênêngan.

Dhobrinya amangsuli: Natasiyah, woding atiku, anggonmu turu mau lagi kêpenak aku ora têgêl anggugah, sêmono uga niyatku mau, arêp ngalang-alangi aja nganti kowe nibakake luh ana ing ngarêpanaku, awit mêsthi bakal ngabot-aboti anggonku arêp nêtêpi kuwajibanku anglakoni ayahaning nagara. Ing sarèhne saiki kowe kalakon bisa nêmoni aku, poma eling-elingên kandhaku iki, ulihku êntènana sajêrone têlung taun, yèn têlung taun iku wis kapungkur aku durung têka, êntènana têlung taun manèh. Dene yèn têlung taun manèh aku mêksa durung mulih, iku atêgês yèn Dhobrinya wis mati ana ing paprangan, lan kowe wis dadi rôndha, yèn wis têtela mêngkono, kuwi sakarêpmu, arêp lêstari dadi rôndha bae, iya kêna, kowe arêp laki manèh, iya masa bodhoa. Kowe kêna laki sasênêngmu, apa karo bangsaning pangeran, karo satriya, prajurit, sudagar sugih apa karo wong tani lumrah. Mung wêlingku aja pisan-pisan kowe nganti laki karo Alyasa, awit Alyasa iki wis dadi sadulurku sinarawèdi.

Sasampunipun cariyos makatên wau, tanpa ngêntosi wangsulanipun ingkang èstri, kapalipun ujug-ujug lajêng dipun cêmêthi, lan sakêdhap kemawon Dhobrinya sampun botên katingal malih. Lampahipun kapal ingkang dipun tumpaki dening Dhobrinya wau tanpa kèndêl, mêdal saha lumêbêt ing wana, mandhap jurang minggah ing rêdi, lan sapiturutipun, ngantos pungkasanipun lajêng dumugi ing tapêl watêsing praja. Inggih punika ing papan ingkang kakintên bilih Nyewe sawadyabalanipun sampun pacak baris nêdya numpês sintên kemawon ingkang badhe ngalang-alangi ingkang dados sêdyanipun.

Kacariyos wanita kêkalih ingkang dipun tilar wontên ing griya, inggih punika ibu punapadene semahipun Dhubrinya. Kalih-kalihipun sami lênggah tanpa ngucap, prasaksat botên purun sawang-sawangan, kajawi namung nangis kemawon.

Kanthi prihatos sangêt wanita kalih wau ngêntosi dhatêngipun Dhubrinya, nanging ingkang tigang taun sampun kapêngkêr, ingkang dipun êntosi mêksa dèrèng dhatêng. Prihatosipun wanita kêkalih saya sangêt, lan kanthi ngirangi têdha ngombe tuwin tilêm kalih-kalihipun sangêt angajêng-ajêng supados Dhubrinya sagêda wangsul ing salêbêtipun tigang taun ingkang badhe dipun lampahi punika, nanging sasampunipun ingkang tigang taun malih wau kêpêngkêr, Dhubrinya inggih dèrèng katingal wangsul, ing môngka tanpa wontên wartosipun babar pisan. Ingkang makatên punika andadosakên aliting manahipun wanita kêkalih wau, ing ngriki botên prêlu kacariyosakên.

Ing satunggiling dintên wanita kêkalih wau taksih lênggah wontên ing kamar sacêlaking jandhela kalihan taksih ningali ing jawi, dumadakan lajêng wontên tiyang thothok-thothok kori. Ibunipun Dhubrinya enggal-enggal suka parentah dhatêng rencang supados tumuntên angêngakakên kori wau. Botên watawis dangu wontên tamu lumêbêt ing kamar ngriku. Mênggah tamu ingkang dhatêng punika botên sanès kajawi pun Alyasa. Nitik polatanipun katingal cêtha, bilih dhatêngipun Alyasa ing ngriku punika, têmtu ambêkta pawartos ingkang botên sakeca. Tôndha yêktinipun, kala lumêbêtipun ing ngriku punika, sirahipun tansah tumungkul lan praupanipun katingal pêtêng kadosdene tiyang ingkang sawêg nandhang sungkawa. Sasampunipun mapan lênggah, Alyasa nalika punika lajêng wicantên makatên:

Kula punika mêntas anganglang wontên sauruting tapêl watêsipun praja Ruslan ngriki, wontên ing bêbulak ingkang têbih ngrika-ngriki, saking katêbihan kula nyumêrêpi pintên-pintên dhandhang ngrubung bangke. Kula enggal-enggal lajêng murugi bangke lan ing ngriku kula nyumêrêpi bilih ingkang gumlethak wontên ing siti wau botên sanès kajawi bangkenipun sadhèrèk kula sinarawèdi pun Dhubrinya. Sirahipun katutup ing rêrunggutan, dene badanipun gumlethak ing garumbulan. Ing bathukipun wontên tatunipun ingkang sakalangkung wiyar, lan mripatipun sampun pithong dening kacucuk ing pêksi dhangdhang.

--- 292 ---

Mirêng cariyosipun Alyasa ingkang makatên punika, sanalika ibunipun Dhubrinya lajêng anjêlih saha dhawah ing siti sarta lajêng supe ing purwa duksinanipun, dene semahipun Dhubrinya, saking kagèting manahipun, ngantos kadosdene rêca sela, tanpa ebah, kajawi luhipun ingkang lajêng tarocosan tanpa wontên kèndêlipun dhawah ing pangkon. Nyumêrêpi kawontênan ingkang makatên punika, tanpa cariyos punapa-punapa, Alyasa lajêng namung suka urmat saha lajêng mêdal ing jawi.

Pawartos ing bab pêjahipun Dhubrinya wau, sakêdhap kemawon sampun sumêbar ing kitha Kiyèph. Lan botên watawis dangu kathah para satriya mudha ingkang dhatêng ing griyanipun Dhobrinya, nêdya anglamar randhanipun, nanging sadaya wau sami katampik. Ing satunggiling dintên Prabu Wladhimir tuwin sang pramèswari rawuh ing ngriku, saha dhawuh dhatêng randhanipun Dhobrinya makatên:

Natasiyah, genea têka sira ora gêlêm omah-omah manèh. Apa sira ora ngrasakake yèn nyata ora kapenak bangêt dadi rôndha iku, kajaba kang samono sabênêre iya ora patut yèn sira arêp lêstari dadi rôndha bae, luwih-luwih rupanira iku ayu, kang anjalari gampang bisane olèh têtimbangan kang bêcik. Mungguhing pamawasan ingsun, kaya-kaya mathuk bangêt, yèn sira iku dadi têtimbangane Alyasa, awit Alyasa iki babag karo umurira, lan satriya kang prawira lan utama.

Natasiyah ngaturakên gênging panuwunipun, dene sang prabu tuwin sang pramèswari sampun karsa amanggalih dhatêng piyambakipun nanging botên sagêd anglampahi punapa ingkang dados dhawuhipun wau. Aturipun Natasiyah makatên:

Dhuh gusti pêpundhèn kawula. Dumuginipun ing dintên sapunika kawula namunamung. mituruti punapa ingkang dados pikajêngipun semah kawula, inggih punika angêntosi wangsulipun ngantos nêm taun dangunipun. Wiwit samangke kawula badhe anglampahi punapa ingkang dados prasêtya kawula piyambak, inggih punika badhe ngêntosi malih laminipun nêm taun. Dene manawi sampun nêm taun, semah kawula mêksa botên wangsul, kawula sawêg badhe manah punapa kawula punika semah malih utawi botên.

AgènipunAnggènipun. Natasiyah matur ingkang kados makatên wau, awit ing batos piyambakipun taksih gadhah pangajêng-ajêng, bilih Dhobrinya punika taksih gêsang, sanadyan Alyasa sampun cêtha cariyosipun, bilih bangke ingkang pinanggih punika botên sanès kajawi bangkenipun Dhobrinya.

Anggènipun Natasiyah angêntosi sampun langkung nêm taun alih, nanging Dhobrinya botên wangsul lan ugi botên wontên wartosipun babar pisan. Botên watawis dangu Prabu Wladhimir ugi rawuh malih saha angarih-arih Natasiyah supados puruna dados semahipun Alyasa. Ing kala punika Natasiyah lajêng angudaraos makatên:

Nêm taun anggonku ngêntèni kayadene pakone gurulakiku, lan nêm taun manèh anggonku ngêntèni miturut ing prasêtyaku dhewe, nanging salawase iku, tanpa ana wartane bojoku babar pisan, dadi sêmu-sêmune pancèn iya têmênan, yèn dhèwèke iku wis mati ana ing paprangan, lan raine wis rusak dening manuk dhangdhang.

[Iklan]

Jalaran saking punika Natasiyah lajêng andhèrèk punapa dhawuhipun sang prabu, inggih punika kaimah-imahakên kalihan pun Alyasa.

Kacariyos, pahargyan ing kadhaton sampun tigang dintên dangunipun. Sadangunipun punika para tamuning nata tanpa wontên kèndêlipun anggèning sami suka-suka, dhahar eca tuwin ngunjuk anggur maneka warni. Para tamu sadaya wau katingal sami sênêng manahipun. Langkung-langkung Prabu Wladhimir sangêt rêna panggalihipun, jalaran rumaos kalêgan punapa ingkang dados krêsanipun, inggih punika anggènipun Natasiyah lajêng purun anglampahi kadhaupakên kalihan Alyasa. Ing wêkdal punika ing greja kalampahan kangge papan ijabipun randhaning Dhobrinya lalihankalihan. Alyasa wau.

Ing kala punika Wara Apimyah, inggih punika ibunipun Dhobrinya, lênggah piyambakan ing sacakêting jandhela kamaripun, kalayan tanpa kêdhèp nyawang dhatêng ing jawi, luhipun tarocosan dhawah ing pangkonipun. Dene ingkang kagagas botên sanès kajawi anakipun jalêr, ingkang pêjah wontên ing madyaning paprangan sarta dados mangsanipun sato galak tuwin pêksi dhangdhang lan sasaminipun. Saya anggrantês raosing manahipun Wara Apimyah manawi ngraosakên, dene randhanipun têka lajêng tega nilar semah kalihan tiyang sanès.

Ing kala punika wontên tiyang mônca numpak kapal têtêgaran nuju dhatêng Kiyèph. Sakêdhap-sakêdhap kapalipun wau dipun gitik supados lampahipun rikat. Sadumuginipun ing Kiyèph, tiyang mônca wau anjujug ing griyanipun rôndha sêpuh kasêbut ing nginggil. Tanpa thothok-thothok ing gapura pakawisan, tiyang mônca kapalipun ujug-ujug lajêng lumêbêt kemawon. Sarêng sampun wontên ing salêbêting pakawisan, piyambakipun ujug-ujug mandhap saking kapalipun, saha lajêng enggal-enggal lumêbêt ing griya tanpa amrêduli dhatêng para rencang ingkang sami nêdya ngalang-alangi. Badhe kasambêtan.

--- 37 ---

No. 10, 5 Maart 1938, Taun IX

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI: BU MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CÈNTRUM. RÊGANE SATAUN f 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

MANGSULI LAYANG.

Sri Palupi, Mangkubumèn Wetan, Surakarta. Rêrêpènmu wis daktampa kanthi panarima. Kapan manèh kowe ngirimi layang Bu Mar lan ngirimi karangan kang apik-apik.

R.W. Sumoprojo, Kalicacing, Salatiga. Sêrat saha gambar-gambar 5 iji sampun kula tampi, botên sanès kula ngaturakên gênging panuwun tuwin ngaturi sugêng pambagya, mugi-mugi "Pakêmpalan Bêksa Anak-anak" sagêda widada salajêngipun.

Plat Goordoon, Paree. Aku wis nampa pitêpunganmu, bangêt panarimaku. Sukur dene kowe arêp milu ngisèni T.B., besuk apa kowe ngirimi layang manèh nyang ibumu.

Blacksweet, Madiun. Aku maca layangmu, nyaritakake kaanan ing station, kok kudu ngguyu. Ya, kuwi ta, wong yèn ora ngêrti sok gampang kliru tampane. Wong dihurmati jare, diarani disêmbranani, dadi mêsakake karo-karone, ya. Priyayine sêpuh mêsakake, dene nganti kêsikut pilingane, wlandane sing nyikut ora kanthi dijarag, wis njaluk ngapura, jêbul malah digrêndhêngi pisan.

Ibumu tansah ngarêp-arêp gambaranmu manèh sing apik sarta lucu-lucu.

Murjana lan Subandi, Ngayogya. Bangêt panrimaku kowe padha mêrlokake anêpungake karo Bu Mar uga arêp milu lêlumban ing Taman Bocah.

Edie Wahyumiyadie, Blitar. Ing ngisor wangsulane pitakonmu bab pamulangan "Middelbare Vakschool". Tumrape bocah no. 1 kang wong tuwane blanjane kurang saka f 150.-, pambayare f 72.- ing dalêm sêtaun (10 sasi).

Anak no. 2 kudu mbayar sêkolah f 30.- ing dalêm sataun.

Anak no. 3 kudu mbayar sêkolah f 24.- ing dalêm sataun.

Anak no. 4 kudu mbayar sêkolah f 15.- ing dalêm sataun.

Yèn wong tuwane blanjane luwih saka f 150,- nanging kurang saka f 250,

Anak no. 1 kudu mbayar sêkolah f 90.- ing dalêm sataun.

Anak no. 2 kudu mbayar sêkolah f 33.- ing dalêm sataun.

Anak no. 3 kudu mbayar sêkolah f 24.- ing dalêm sataun.

Anak no. 4 kudu mbayar sêkolah f 15.- ing dalêm sataun.

Yèn wong tuwane blanjane luwih saka f 250,- sapêndhuwur nganti têkan f 400,

Anak no. 1 kudu mbayar sêkolah f 108.- ing dalêm sataun.

Anak no. 2 kudu mbayar sêkolah f 42.- ing dalêm sataun.

Anak no. 3 kudu mbayar sêkolah f 33.- ing dalêm sataun.

Anak no. 4 kudu mbayar sêkolah f 24.- ing dalêm sataun.

Pambayare piranti sêkolahan f 6.- ing dalêm sataun. Sing kêna nglêboni pamulangan iku kudu wêton Mulo utawa H.B.S., sarta bijine rata-rata (gemiddeld) kudu 7.

Dukarsi, Rêmbang. Briefkaart-briefkaart isi karangan wis daktampa urut nganti dina iki wis tampa pitu iji, bangêt panarimaku.

Uncle Sum, Singapur. Andadèkake bangêt panarima lan bungahku kokirimi album kanggo pangeling-eling. Album mau speciaal kanggo wadhah potrète sêdulur-sêdulurmu kabèh, sing wis dikirimake nyang Bu Mar. Layangmu candhake karangan uga wis daktampa kanthi bungah.

Waijah, Magêlang. Aja pisan dadi atimu ya, karanganmu ora bisa kapacak, jalaran kurang prayoga. Coba ngirimana manèh sing luwih apik, mbokmanawa bisa kapacak.

Hadipurnomo, L.L.H.I.S., Pacitan. Aku wis tampa karanganmu lêlucon, nanging aja gêla ya, lêluconmu ora bisa kapacak.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar.

LÊLUCON.

Lha wong bocah...!

Bocah cilik mbagèkake: dhayoh mbêngok: "Bu ibu, ana dhayoh lanang... rupane kaya oom, irêng... nganggo brêngos... rupane irêng..., jarike abang,... nganggo dhasi barang, iki lo bu wonge... kok ngingêtake aku bae... lo bu... iiii... buu... wonge ndadak mênthêlêngi... mripate ambane ora jamak... bu... gage ta êndang tindaka rene...

Dhayoh : "Matêng awakku, mungsuh bocah kaya ngono... ngisin-isinake uwong...

Blacksweet.

--- 38 ---

DONGÈNG KÊTHÈK KANG CUBLUK.

Ana kêthèk loro manggon ing alas kang cêdhak desa, nuju sawijining dina kêthèk mau padha rêrêmbugan arêp ngundhuh tawon madu duwèke wong desa. Rekane ngundhuh mangkene: kêthèk sing siji nyêdhak panggonane tawon madu, supaya njupuki talane, ananging mripate mêrêm, cikbèn ora diêntup, dene kêthèk sijine kang nampani samangsa kêthèk kang mêrêm mau mènèhake talane. Ananging luput ing tangguh, jalaran wong desa kang duwe tawon marani alon-alon, supaya aja nganti kawruhan dening kêthèk-kêthèk mau. Kêthèk sing mêlèk sumurup dirundhuk manungsa, banjur enggal nrancag mènèk mlembang mênyang wit siji nggêblas ora kawruhan parane. Ananing kêthèk sing mêrêm ora sumurup, mulane enak-enak njupuki tala sarta diwènèhake rewange, kang satêmêne sing nampani iku wong desa kang duwe tawon mau. Barêng êntèk kêthèk mêlèk, sapira kagèting atine barêng wêruh kang nampani iku dudu rewange dhewe. Rèhne kêsompok bangêt wis ora niyat ngoncati, ciptane ora wurung mêsthi mati, saking mirise kêthèk nglumpruk tanpa daya, nggêdêkês angasih-asih njaluk pangapura marang kaluputane ênggone tumindak culika mau. Wong esa kang pintêr mau nuli calathu, têmbunge: Bangêt panarimaku dene kowe wis têtulung marang aku ngundhuhake tawon ingonku kêlawan ichlasing atimu kang mêsthine tanpa ngarah opah, tindakmu mangkono iku dadia piwulang tumrap marang kowe, iya iku gêgambarane wong bodho, anane mung sarwa kapitunan, jalaran sakabèhing kangelane mung prêsasat dadi milike si pintêr; mula wêkasku marang kowe anak-anakmu padha wêlêgên ing kawruh supaya dadi kêthèk pintêr, amurih ora mung dadi ganyanganing liyan. Wis saiki enggal lungaa amor bangsamu mênyang alas, aja ngêntèni tumibaning pênthungku iki ing êndhasmu, munyuk!

Suhèstri, Sumpiuh.

PAKUMPULAN PAGUYUBAN BÊKSA ANAK-ANAK (P.B.A.)

[Grafik]

Nalika Sri Paduka Prinses Juliana ambabar, para putra-putraning priyayi ing Salatiga ing Pakumpulan Paguyuban Bêksa Anak-anak mêntas mitongtonake jogèd golèk lan dolanan bocah warna-warna. Ing gambar dhuwur iki dêlêngên ta cah, dolanan bocah-bocah sarta lêlucon kanthi miturut iramaning gamêlan. Sing têngah: Ciep Hien Tan Giok umur 4 taun. Wah wis ta, yèn ngegolake bokonge miturut iramaning kêndhang sarta gamêlan, prigêl sarta lucune ora jamak, nganti gawe kakuning padharane kang padha mirsani.

Cakêt jèjèr Tan Ciep Hien: nonah Ciep Soan Nio umur 2 1/2 taun adhine Ciep Hien. Dadi ora mung bocah Jawa bae sing nyinau bab kagunan Jawa, sanadyan bangsa Tiong Hwa uga milu nggatèkake.

--- 39 ---

BABADE BANYUWANGI.

Dhèk jaman biyèn ing pasisir tanah Jawa ana sawijining ratu kang ambêk adil, sarta asih marang kawulane kabèh. Mêngkono uga kyai patih ora beda karo sang prabu panggalihe, kuciwane rada brangasan sêthithik. Sang prabu durung krama, dene kyai patih wis krama entuk wanita kang endah ing rupa, dudu putri darah luhur, mulane kang ibu rada gêla, dene kagungan mantu bocah desa, karsare sang putri (kang ibu kyai patih) garwane putrane arêp disedani, mangka nalika iku lagi nggarbini sêpuh.

Ing sawijining dina sang putri sowan mênyang kêdhaton, marak ing ngarsane sang prabu, supaya putrane diutus mênyang sêgara kidul, mêthik kêmbang Wiyajakusuma kanggo tumbal kêdhaton. Ature ngasih-asih, nganti sang prabu ndhahar ature. Kyai patih nuli ditimbali didhawuhi enggal mangkat golèk kêmbang Wijayakusuma sing nganti olèh, aja nganti bali ndalan, sarta ora kêlilan mampir mênyang kêpatihan dhisik. Kyai patih uga ngèstokake dhawuhing gustine.

Kacarita sawusene kyai patih tindak, nuju sawijining dina garwane kraos arêp mbabar, awit pancèn wis wayahe. Kêng ibu marasêpuh nuli tata-tata kanggo maeka putrane mantu, samangsa wis mbabar. Dina iku uga garwane kyai patih mbabar, miyos kakung, bagus bangêt, ananging kang ibu durung nganti priksa kasêlak bayi mau digawa saka kamar, dicêgurake ing kali kang mili ing sacêdhake kono, nuli diijoli anake abdi kang ing dina iku mati. Ora antara suwe kang ibu marasêpuh rawuh, sarta reka-reka duka, amarga wayahe disedani ibune. Dilalah karsaning G. Allah kyai patih rawuh karo nggawa kêmbang Wijayakusuma. Sawise sowan ing kêdhaton nuli enggal kondur, marga sêlak kêpengin priksa kaanane ing dalêm. Lagi têkan ing lawang, dipapagake karo ibu karo tawan-tawan tangis, sarta dhawuh yèn garwane ki patih wis mbabar nanging putrane disedani. Ki patih bangêt ing dukane enggal-enggal mlêbêt ing kamare garwane karo ngliga kêris, asêrêng pangandikane: "He wong wadon nistha, têgêl têmên matèni anak, rasakna ukumanmu."

Garwane munjuk klawan tatag: "Dhuh gusti, sampun kasêsa paring ukuman sadèrèngipun priksa kanthi cêtha dhatêng kalêpatan kula. Mugi wontêna kêrsa nuntun kawula dhatêng pinggir lèpèn. Mangke panjênêngan badhe ngawuningani sayêktosipun.

Tujune kyai patih lilih dukane, garwane nuli kapondhong mênyang pinggir kali, kaèrèkakekadhèrèkake. para abdi, kang ibu uga tindak. Satêkane ana pinggir kali, garwane ki patih enggal nyêmplung ing kali, amblês ora mumbul-mumbul manèh. Ora antara suwe ana kêmbang-kêmbang mêncungul saka ing banyu arum gandane. Kang siji gêdhe, mêntêlung mênyang sing cilik sajak ngêlus-êlus, sing cilik nuli nywara: "Dhuh, Kangjêng rama, sajatosipun ibu botên dosa botên punapa, nyatanipun eyang ingkang nyêmplungakên kula ing lèpèn punika."

Sawise iku kêmbang-kêmbang mau ilang, nanging ganda kang arum isih ngêbaki panggonan kono. Ki patih bangêt ing dukane, kang ibu nuli kapatrapan ukum kisas. Para abdi kang ndhèrèkake padha raup ing kali mau, banyune angganda wangi. Wiwit iku panggonan mau dijênêngake Banyuwangi. Nanging saiki banyune wis ora wangi, wong iku mung dongèng, dadi durung mêsthi yèn bênêr, apamanèh sêdulur kang ana Banyuwangi mêsthine luwih cêtha bab iki. Elingku salore Banyuwangi ana panggonan cêdhak sêgara kang ana watune gêdhe bangêt, growong, sok dicêmplungi dhuwit ing wong-wong sing padha nyadran. Sêdulur, ing kene muga anaa kang gêlêm urun dongèng bab iki.

Mience, Blitar.

KUTHA SINGAPUR.

(Candhake).

Apike wong Singgapur ki anggone ulahraga ora mung kanggo pameran, kanggo adol bagus lan mung kanggo apa manèh, nyatane jalaran saka ngêrti yèn ulahraga pancèn pêrlu, athik bangêt kae, apamanèh kanggo wong sing nyambutgawene ana ing kantor, mangka kantor-kantor ing Singapura ki prasasat guwa, awan bêngi kudu nganggo diyan lestrik, sabab soroting srêngenge ora bisa mlêbu, marakake sêdhih ing ati. Dadi anggone badminton utawa apa bae ya ora ungsum-ungsuman kaya ana ing T. Jawa. Wah yèn wis nuju kêsêngsêm, lali wayah, awan, esuk, sore malah bêngi barang têrus main, gêdhe cilik, lanang wadon, nom tuwa ora gêlêm kèri. Nèk isih anyar-anyaran sing akèh anggone main nganti kladuk, pakolèhe dudu kêwarasan, malah padha dadi lêbone rumah sakit, utawa "rêjêkine kyai dhukun..." pijêt.

Nanging kocapa, yèn wis bosên, têrus bubar, panggonane main padha kêthukulan sukêt, pakumpulane badminton palastra tanpa njaluk banyu manèh. Wah aku yèn wêruh kaanan mangkene ki têrus... mêgatruh.

Pakumpulan-pakumpulan ulahraga ing Singapura akèh bangêt lan warna-warna. Sing gêdhe-dhewe jênênge Y.M.C.A., cêkakane "Young Men Christian Association" kanggo golongan priya lan Y.W.C.A. utawa "Young Women Christian Association" kanggo golongan putri. Urunane contributie diperang dadi loro, kanggo bocah sêkolah, Junior, lan kanggo wong sing wis cêkêl gawe, Sênior, luwih larang tinimbang kanggo Yunior. Pakumpulan loro iki mêpêki sawarnaning sport nganti bilyart barang iya ana. Ana Candhake.

--- 40 ---

TUKANG KUWIH ING DAMASKUS.

(Candhake).

Agib gumun bangêt kringu têmbunge Malik, banjur mangsuli: "Yèn kowe gêlêm janji, ora manèh-manèh ngêtutake lakuku, aku gêlêm têka ing panggonanmu lan mangan kuwihmu. Sesuk, yèn kyai patih, êmbahku lagi mundhuti barang-barang kang bakal dicaosake sang ratu, aku bakal têka mrene manèh."

Wangsulane Malik: "O, bocah bagus, kabèh pakonmu bakal daklakoni. Sawise Malik janji, Agib lan bature padha mlêbu ing omahe. Malik, yaiku kang satêmêne aran Barudin, nuli ngladèkake rumtar, kang padha enake karo sing dhisik.

Sawise Agib ngadhêpi rumtar gaweyane Barudin, nuli calathu mangkene marang Barudin: "Ambokiya lungguha kene sandhingku lan mangan barêng karo aku!"

Barudin nuli lungguh jèjère Agib lan banjur arêp ngrangkul, nanging dipênggak dening Agib: "E aja mêngkono, ora kêna kowe ngrangkul aku. Mêmitran ya mêmitran, nanging aja ngrangkul. Nrimaa nyawang bae lan omong-omongan karo aku."

Barudin nurut lan banjur nêmbang agawe sênênging atine Agib. Dhèwèke ora mangan apa-apa mung ngladèni dhayohe bae.

Barêng Agib lan bature wis rampung anggone mangan, Barudin nuli anjupukake banyu kanggo wisuh tangan lan sêrbèt. Sawise nuli njupuk gêlas loro diisèni sêtrup, sing siji diulungake marang Agib, kandhane: "Gilo iki sêtrup mawar, enak bangêt, ing kutha Damaskus kene ora ana sêtrup kang enake kaya sêtrupku iki. Kowe mêsthine durung tau ngombe kaya ngene iki, ya? Agib nuli ngombe sajak enak bangêt, sawise, Barudin nuli ngulungake gêlas sijine marang bature irêng, kang banjur ngombe sêtrup nganti êntèk.

Barêng Agib lan bature wis padha warêg anggone mangan lan ngombe, banjur pamitan mulih, lan awèh panarima, dene tukang kuwih nganti samono ênggone ngormati.

Wong loro padha rêrikatan anggone lumaku. Satêkane ing panggonane, anjujug mênyang layar panggonane ibune lan eyange putri.

Êmbahne putri bungah bangêt, barêng Agib têka, lan sarèhne tansah ngeling-eling anake lanang bae, nganto cocosan lan ngrangkul Si Agib. Calathunr: "O, putuku nggèr, ndah kaya apa ta bêgja lan sênêngku, upama aku bisa ngrangkul bapakmu kaya yèn aku ngrangkul kowe."

Agib nuli dikon lungguh ing sandhinge lan dikon nyaritakake apa kang êntas diwêruhi. Pangirane eyange putri, Agib wis krasa luwe bangêt mula enggal diwènèhi rumtar gaweane dhewe. BaturiBature. irêng uga diwènèhi. Ananging wong loro mau wis mangan akèh bangêt ana ing omahe Malik, mula saiki ora kuwat mangan manèh. Agib mung ngicipi sathithik, sajak ora krasa enak, banjur diênêngake bae, ora dipangan. Saban, bature, mêngkono uga.

Ibune Barudin nyawang kanthi sêdhih dene putune nyêpèlèkake bangêt marang kuwihe êmbahne, banjur ngandika: "Agib, kapriye, apa kowe ora sudi mangan olah-olahanku. Wêruha, Agib sajagad ora ana sing bisa gawe roomtar kaya iki, mung bapakmu, Barudin, kang wis dakwulang."

Wangsulane Agib: "Ah, êmbah aja dadi panggalihmu, takaturi priksa, tukang kuwih ing kutha Damaskus ngluwihi kapintêrane. Aku lan Saban padha mêntas mangan roomtar kang luwih enak tinimbang iki."

Krungu têmbung mangkono ibune Barudin banjur nglirik Si Saban lan pitakon kanthi nêpsu: "He Saban, kowe rak dipitaya anjaga Agib, genea kok ajak mangan ana ing omahing tukang kuwih, cara kere, kowe kok entuk bae?"

Wangsulane Saban: "O, ndara, wayah panjênêngan punapadene kula namung omong-omongan kalihan tukang kuwih, ananging botên nêdha ing griyanipun."

Agib nyêlani: "He Saban, aja goroh kowe. Wong nyatane mêntas mangan roomtar ana ing omahe Malik, tukang kuwih, kok mungkir."

Ibune Barudin saya mangkêl, mênyat saka palungguhane, banjur marani kyai patih lan madulake kanisthane Si Saban.

Kyai patih barêng krungu wêwadule ingkang ipe, nêpsu bangêt, enggal-enggal marani mênyang pamondhokane ibune Barudin. Ing kono calathu marang Saban: "He, Saban, kêbangêtên têmên kowe iki, wong dipitaya jare nganggo sakarêp-karêp mêngkono." Sanajan Agib wis walèh apa anane, nanging kowe mêksa isih mungkir bae.

Calathune Agib: "Êmbah, aku lan Saban têmênan êntas mangan ana ing omahe tukang kuwih, akèh bangêt, nganti warêg bangêt lan manèh tukang kuwih uga mènèhi sêtrup mawar."

Kyai patih calathu marang Saban: "He batur kang kurang tata, kowe isih durung gêlêm walèh?"

Saban supata manawa ora nyata, nanging kyai patih calathu manèh: "Kowe pancèn goroh, aku nggugu kandhane Agib tinimbang kandhamu. Dene yèn kowe bisa ngêntèkake rumtar iki, aku lagi pitaya, marang kandhamu."

Sanajan Saban wis krasa warêg bangêt, mêksa nurut dhawuhe bêndarane, anjupuk roomtar, ananging sanajan dipêksa kaya apa, mêksa ora êntèk saprawolan. Dhèwèke mêksa isih mungkir lan matur, manawa dhèk bêngine anggone mangan wis kakehan, mula saiki ora doyan mangan. Ana candhake.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 22, Rê Kli, 14 Sura Jimawal 1869, 16 Marêt 1938, Taun XIII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [325] ---

Ôngka 22, Rê Kli, 14 Sura Jimawal 1869, 16 Marêt 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Kapal Pêrang - Têntrêm Salêbêting Griya - Kawontênan ing Tiongkok - Wilujêngan Brêsih Dhusun ing Bawah Sokawati, Sragèn - Pajagèn ing Gêgana - Têtingalan Ringgit Tiyang Kridhayatmaka - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Kapal Pêrang

[Grafik]

Kapal pêrang Inggris "Dorsetshire" ingkang dèrèng dangu labuh wontên palabuhan ing Tanjungpriuk.

--- 326 ---

Kawruh Sawatawis

Têntrêm Salêbêting Griya.

Rakêt lan rukuning laki kalihan semahipun, bapa biyung kalihan anak-anakipun, sadhèrèk jalêr kalihan sadhèrèk èstri, punika ing alam donya langkung prêlu, sarta wajib kapundhi-pundhi. Pundi panggenaning kasênêngan utawi kabingahan langkung, aliya saking nunggil kalihan ahlinipun. Sintên ingkang sagêd anglipur kasusahan, langkung saking ahlinipun piyambak, awit panglipuripun katarik saking trêsna. Milanipun nama bêgja yèn laki rukun kalihan semahipun, bapa biyung kalihan anak-anakipun, sadhèrèk jalêr kalihan sadhèrèk èstri, sarta asmi sih-sinihan, sanajan wontên pêrang agêng ingkang nyirnakakên kabingahaning ngakathah, salêbêting griyanipun taksih kadunungan têntrêm.

Bapa ingkang srêgêp ing damêl, botên ngeman ing kangelan, murih indhaking kawilujênganipun anak semahipun sarana tabêrinipun, sanajana nandhang kangelan sadintên, mantuk pinanggih kalihan anak semahipun, ingkang tansah sami ngajêng-ajêng dhatêngipun, tiyang makatên punika, sanajan botên dipun paèlu ing tiyang sajagad, anak semah ingkang maèlu.

Kas kayanipun nyambut damêl dipun gêmèni ing semahipun, makatên ugi kas kayanipun ingkang èstri, kingkangingkang. mêdal saking ing budidayanipun piyambak, samukawis ingkang rèmèh tuwin ingkang aos sami dipun opèni, botên wontên ingkang dipun anggêp kêrèmèhên. Kalihipun amulasara sêsêkaring rahayu salêbêting griya, sarta tumêmên ing rumêksanipun dhatêng ingkang kalêbêt ing kukubanipun, punapadene sabên dintên adamêl ecaning manahipun. Anak-anakipun botên kêtempelan ing budi awon, sanajan griyanipun supêk, nanging kadunungan ing rahayu, rakêtipun kalihan bapa biyungipun, akanthi taklim, lan trêsna, sarta bingah sami mituhu ing sakajêngipun, dalasan rencangipun jalêr èstri prasasat dados ahlinipun, punika sami trêsna ing bêndaranipun, sarta têmên-têmên rumêksa ing salêbêting griya, awit sami rumaos dipun ingoni, dipun saèni lan dipun opèni botên ngantos kêkirangan. Dados wontên ing salêbêting griya botên suwita ing bêndara, nanging prasasat suwita ing bapa biyung, sarta sami tumut bingah yèn wontên nalar, ingkang andadosakên jalaran indhaking kawilujênganing bêndaranipun sagarwaputranipun.

Agêng pikantukipun sumrambah ing sih-sinisihan,sih-sinihan. samukawis ingkang kalêbêt rèmèh dipun anggêp wontên aosipun, tiyang ingkang nandhang papa, utawi kêkirangan dipun uluri têdha kanthi wêlas, kabêgjaning tiyang andadosakên kabingahaning ngakathah. Salêbêtipun kambah ing kasusahan, pintên-pintên rahayu ingkang mêdal saking rukun salêbêting griya, kadadosaning rukun ambingahakên. Têntrêm angawontênakên swarga, congkrah angawontênakên [anga...]

--- 327 ---

[...wontênakên] naraka salêbêting griya.

Tiyang ingkang botên manggih kasênêngan nunggil ahlinipun, sarta ngupados kabingahan dhatêng sajawining griyanipun, punika mêsakakên sangêt, ing pundi panggenan ingkang dipun ambah, badanipun kados tiyang nênêka, awit wontên ing griyanipun piyambak dipun anggêp kados tiyang nênêka, dados prihatosipun dipun sandhanga piyambak, botên wontên ingkang murinani, kabingahanipun namung kêdah-kêdah kêpanggih ing pakêmpalanipun kalihan tiyang sanès. Dintên nalika salakirabi tansah dipun ombal-ambil, anak-anakipun prasasat katingal kados rêrungkud, anggènipun nanêm piyambak, awit botên wontên pamêdalipun.

Kathah-kathahing tiyang wiwitanipun nyêbar wijining congkrah, ing nalikanipun salakirabi, awit prêlunipun botên kamanah, sarta botên ngêdom-êdom wêwatêkanipun, tuwin cacadipun ingkang badhe dados jodho, namung ngarah sugih, singgih, lan kèringan kemawon, dados têntrêm sarta kasênênganing ngagêsang kadamêl wadaling sugih lan singgih, môngka punika botên kenging kadamêl têtambaking prihatos. Dene tiyang jêjodhoan, ingkang kenging dipun ajêng-ajêng tulus ing sapanginggilipun, namung yèn ingkang salakirabi sami trêsnanipun, condhong ing pikir lan wêwatêkanipun, punika ingkang dados têtanggêlaning rahayunipun anggènipun jêjodhoan, sanadyan dhumawah ing kamlaratan, kuwawi nandhang sarta sagêd angraosakên sênêng lan sakeca.

Kathah tiyang alit angsal singgih, tiyang miskin dados sugih, amargi saking kautamènipun sarta srêgêpipun ing damêl, punapadene saking wêkêlipun. Kathah tiyang sugih dados miskin, amargi saking congkrah anggènipun sêsemahan, trêkadhang nyarambahi dhatêng anak-anakipun, andadosakên karisakanipun sadaya.

[Iklan]

Wontên malih ingkang dados wêwinih sirnaning kasênêngan salêbêting griya, kados têtiyang salakirabi enggal, saking koruping pikiripun, dèrèng ngantos gêndhon rukon, lajêng ngupados kabingahan wontên ing karamean, sadèrèngipun anggêgulang nahanakên cacadipun semah utawi rabi, sampun risak wontên ing pakêmpalanipun. Badhe kasambêtan.

R. Moenandar. Gombong

--- 328 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Tiongkok.

Saya dangu saya katingal saening tandangipun wadya Tiongkok, malah tumrap pabarisan ing Sansi pinanggih sakalangkung wulêt, botên kenging ginagampil ing mêngsah. Miturut wartos, pabarisan Tiongkok ing Sansi tuwin Onan, botên namung bela nagari kemawon, malah kalampahan sampun sagêd ngrêbat papan pabarisan Jêpan ing antawising Linpèng tuwin Yuncèng, kaprênah sacêlaking margi sêpur Tungpu. Salajêngipun wadya Tiongkok tumindak ngrisak margi sêpur ing Tungpu, prêlu kangge nyêgah ajênging mêngsah. Makatên ugi lajêng nyingkirakên kapal-kapal tuwin baita-baita Tiongkok ing lèpèn Hoangho sisih kidul.

Ing ngriku wadya Jêpan lajêng pados pêpulih nêmpuh saking sapinggiring lèpèn Hoanho sisih kidul, prêlu kangge ngalang-alangi lampahing wadya Tiongkok ing antawising Tungkwan tuwin Sèngco. Nanging panêmpuhipun Jêpan wau botên angsal dadêl. Manawi mirid kasantosanipun wadya Tiongkok ingkang pacakbaris ing laladan ngriku, lôngka sangêt Jêpan sagêdipun angsal damêl panêmpuhipun.

Dene tumrap wadya Tiongkok ing sapunika gadhah pangajêng-ajêng unggulipun pabarisan ing lèr kilèn, amargi ngintên bilih Jêpan badhe rêkaèsrêkaos. sagêdipun angsal bêbantu tuwin têdha.

Miturut wawasanipun ahli paprangan ingkang nyipati piyambak dhatêng kawontênanipun ing papan paprangan, pinanggihipun ing Sansi, Sènsi tuwin Hopèi, manawi miturut wartos sampun karêgêm dening Jêpan. Nanging mênggah nyatanipun, ing laladan ngriku punika sadaya taksih têtêp wontên panguwaosipun Tiongkok, dipun cêpêng dening militèr tuwin amtênar Tionghwa.

Dene papan ingkang dipun rêbat dening Jêpan punika namung satunggiling panggenan ingkang botên sapintêna wontên sauruting margi sêpur. Dumuginipun sapunika, paprangan ing ngriku sampun tumindak wolung wulan, gunggunging saradhadhu Jêpan ingkang malêbêt dhatêng Tiongkok sampun langkung sayuta, kapetang dèrèng sumbut kalihan angsal-angsalanipun, awit namung sagêd ngukup kitha-kitha tuwin margi sêpur sawatawis.

Môngka manawi miturut kawontênan ing paprangan, panêmpuhipun wadya Jêpan ing Hangco tuwin Wugu sami kandhêg, panêmpuhing Pèngpu mundur, punapadene wadya ing saurutipun margi sêpur Tinsin - Puho tuwin Peiping - Hanko botên sagêd majêng, namung muthêk wontên salèring lèpèn Hoangho kemawon. Ing salugunipun papan pabarisan ing Hoangho punika kapetang pabarisan ingkang kapisan, Tiongkok dèrèng sagêd pacak baris wontên ing papan sanèsipun, awit sêlak kêdhêsêk ajêngipun wadya Jêpan. Nanging sarêng wadya Tiongkok gadhah grêgêt kados ingkang pinanggih ing sapunika, ing papan sanès-sanèsipun lajêng dipun [di...]

--- 329 ---

[...pun] êdêgi pabarisan ingkang langkung santosa, kanthi kêkiyatan ingkang babag kalihan kêkiyataning mêngsah.

Kajawi punika, golongan Tiongkok inggih lajêng mangrêtos bilih pabarisan ing margi-margi, ing margi sêpur tuwin ing kitha-kitha, punika malah namung mikantukakên dhatêng Jêpan, amargi Jêpan anggadhahi têtumpakan tuwin dêdamêl pêrang langkung kathah ingkang kenging kaambahakên ing ngriku. Mila pratikêlipun Tiongkok, sawarnining margi wau sami dipun risak. Dene pinanggihipun samôngsa Tiongkok botên gadhah margi tuwin margi sêpur babar pisan, saya damêl pakèwêdipun Jêpan anggèning badhe ngangsêg malêbêt, mriyêm-mriyêm tuwin oto-oto mriyêm, botên sagêd kabêkta dhatêng paprangan. Môngka tumraping paprangan, manawi tanpa dêdamêl ingkang kados makatên wau têtandhinganipun wadya Jêpan kalihan wadya Tiongkok, pinanggih botên timbang, Jêpan kawon sangêt sampun tamtu tandangipun wadya Jêpan badhe tanpa daya, dening têtandhingan kalihan mêngsah tigasan wontên ing papan ingkang dèrèng sumêrêp lèr kidulipun.

Ing sapunika tumraping panggêsangan, Tiongkok tansah ambudidaya supados praja sagêd angsal sambutan saking sanès nagari. Manawi mirid kawontênan ing bab kabêtahan punika Tiongkok mênang santosa, tinimbang Jêpan. Nanging sandyan mênang santosa, sarèhning kawontênanipun praja kados makatên, dangu-dangu Tiongkok piyambak inggih botên kiyat, mila tansah ambudidaya sagêdipun angsal pitulungan saking sanès.

[Iklan]

Ingkang sampun pinanggih, ing salêbêtipun paprangan punika kintunan barang-barang saking Tiongkok suda sangêt. Tirahaning barang dagangan sami kandhêg wontên ing palabuhan, ingkang sapunika kêwêngku wontên panguwaos Jêpan. Dados wontênipun namung kapitunan thok. Kajawi punika Tiongkok ugi lajêng kecalan pamêdal saking pabeyan. Môngka lêbêting barang-barang kabêtahaning paprangan saking jawi, jalaran saking wontênipun paprangan, pinanggih saya mindhak kathah tuwin mindhak rêginipun, ingkang kêdah kabayar sanalika. Mênawi ngèngêti kawontênan ingkang kados makatên punika, asor ungguling paprangan dèrèng kenging dipun tamtokakên, awit sadaya taksih sarwa gumantung dhatêng kawontênan ingkang tansah ewah gingsir, awit nyatanipun paprangan punika namung sarwa mêngku kabêtahan agêng. Malah sisip sêmbiripun, danguning paprangan badhe pinanggih sami rêmêkipun.

--- 330 ---

[Grafik]

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana nuju mriksani wadya kaurmatan wontên ing Tanjungpriuk nalika badhe têdhak dhatêng Sumatrah ing wêkdal punika

Wilujêngan Brêsih Dhusun ing Tanah Sokawati, Sragèn (Surakarta)

Ing tanah Sokawati (Sragèn) dumugi ing sapunika taksih kalampahakên wilujêngan brêsih dhusun ing sabên taunipun sapisan. Tatacara wilujêngan brêsih dhusun punika, mèh saindênging tanah Jawi, sabên padhusunan taksih sami ngawontênakên. Nanging tumrap ing tanah Sokawati, ragi wontên bedanipun kalihan papan sanèsipun ingkang sampun kula alami. Mirid dêdongenganipun tiyang ing ngriku, taksih nglêluri tatacara rikala panjênênganipun Kangjêng Pangeran Mangkubumi dhêdhêkah ing ngriku (mriksanana Babad Giyanti).

Dene ingkang badhe kula têrangakên ing ngriki punika, kawontênan ingkang sampun kula alami piyambak rikala kula gêgriya wontên ing kitha Sragèn taun 1910 ngantos ing taun 1930, kados ing ngandhap punika.

Tatacara wilujêngan brêsih dhusun ing ngriku nalika jaman samantên, botên katamtokakên wulanipun, namung angguru sabibaring panèn. Ing nalika samantên ingkang bupati taksih kagungan lênggah siti salêbêting kitha, sarta sabin sawatawis bau ing sacêlaking kitha ngriku. Mila sabên taun ingkang bupati ugi anggarap lênggahipun sabin wau. Manawi sampun bibar panèn, lajêng ngawontênakên wilujêngan brêsih dhusun, sêsarêngan kalihan para têtiyang tani salêbêting kitha, 5 kalurahan. Mênggah tatacaranipun makatên:

Ing dintên ingkang sampun katamtokakên, ingkang

--- 331 ---

bupati adamêl rombong (gunungan) ngantos sakawan utawi langkung, makatên ugi têtiyang pakampungan sabên sapadhêkahan kadhawuhan andamêl nyatunggal utawi kalih, mila gunggungipun ngantos dasanan, dene wujudipun gunungan wau, botên ngendah-endahi, namung ambèn-ambenan, wangun pasagi wiyaripun watawis 4 mètêr pasagi. Ingkang têngah saha pojokanipun sakawan, dipun adêgi gêdêbog wêtahan, kangge masang jêmbul, katancêpakên ing gêdêbog wau ngantos sakêbakipun.

Jêmbul punika ingkang kadamêl dêling, panjangipun watawis satêngah mètêr, agêngipun sagagang pèn, wangunipun mêrit pucuk. Nanging ongotanipun dêling wau botên katatasakên, dados ing pucuk katingal anjêmbul. Lajêng dipun angge anyunduki têtêdhan, kados ta: opak, lèmpèng, rêngginan, wajik, jênang, juwadah, tuwin sanès-sanèsipun. Manawi sampun isi têtêdhan wau, lajêng malêngkung kadosdene cundhukmêntul. Sarta têtêdhan wau sampun dipun angkah warni-warni, wontên ingkang abrit, ijêm, pêthak, jêne, tuwin sanès-sanèsipun, mila manawi sampun kapasang ing gunungan wau, sinawang katingal sae, pating prêntul, angrêsêpakên ing pandulu.

[Iklan]

Gunungan saking padhêkahan kinalêmpakakên ing kalurahan. Lajêng têrus kaaturakên dhatêng palataran kabupatèn, mawi kaarak têtabuhan, kados ta: jathilan (reyog), slawatan, carabalèn, tuwin sanès-sanèsipun, mawi ginarubyug ing para bêbau dhusun, tuwin para têtiyang kampung, sami ambêkta ambênganipun piyambak-piyambak. Watawis jam satêngah sakawan sontên, sampun ngalêmpak ing palataran kabupatèn. Ing ngriku ingkang bupati lajêng nimbali tukang ngujubakên wilujêngan. Sarta abdi dalêm pangulu saandhahanipun.

Dene ingkang dados juru ngujubakên punika taksih sêntana kabupatèn, neneman milih ingkang bagus warninipun, mawi mangangge kadosdene wirèng panji, anggèning dandos wontên ing pasanggrahan kabupatèn. Dhatêngipun ing palataran kabupatèn, mawi ginarubyug dening para abdi kabupatèn, sarta para lare ingkang sami ningali ngantos gumrudug, jêjêl uyêl-uyêlan. Badhe kasambêtan.

Kyai Pacitan.

--- 332 ---

Pajagèn Bêbaya ing Gêgana

Wiwit taun ingkang kapêngkêr, ing kitha Surabaya, lajêng Sêmarang, Bandhung, Madiun, Cilacap, lan sanès-sanèsipun kawontênakên gêladhèn (oefening) "luchtbescherming".

[Grafik]

Wujuding bom-bom gas.

Sarèhning para maos kathah ingkang dèrèng mangrêtos ing bab kajêngipun luchtbescherming wau, awit têbih saking tuking wara-wara, kados botên wontên awonipun manawi kula nêrangakên sakêdhik, supados sampun andadosakên kalintuning panampi ingkang lajêng nuwuhakên ajrih, saya malih tumrap tiyang ingkang kirang sêsêrêpanipun.

Luchtbescherming punika Jawinipun: pajagèn awang-awang. Dene kajênging pajagèn wau, samôngsa wontên bêbaya ingkang dhatêngipun saking gêgana, inggih punika dhatêngipun motor mabur mêngsah ingkang nyêbar bom-bom, nêdya ngrisak nagari lan padhusunan sagêda jagi-jagi.

Pitakenan: punapa tiyang pribumi ingkang sanès prajurit (saradhadhu) inggih dipun mêngsah ugi.

Punika têrangipun makatên: pêpêrangan ing wêkdal sapunika botên kados jaman rumiyin, ngêbên kêndêl lan trampiling ulah dêdamêl. Kintunan dhatêng pabarataning prang namung têtêdhan lan dêdamêl sakêdhik kangge lintu ingkang risak.

Sasampunipun sanjata lan mriyêm limrah dipun angge, pangintunipun kabêtahaning prang saya kathah, kados ta patrum, mimis, lan sapanunggilanipun.

Pêpêrangan ing jaman sapunika botên abên kêndêl, namung abên kasagêdan, kathahing tiyang lan cêkaping pirantos, sandhang lan têdha.

Kasagêdan pintêripun anggunakakên dêdamêling prang: sanjata lan mriyêm mêsin, otopêrang (gevecht-auto-tank), motor mabur lan sanès-sanèsipun.

Kathahing prajurit lan sakêdhikipun tiyang ingkang tiwas, punika atêgês kiyat. (saradhadhu sami ngêsong kados landhak).

Cêkaping pirantos, sandhang lan têdha punika kêkiyataning bôngsa (mêngsah).

Sanjata, mriyêm, tang, motor mabur, kapal pêrang, wontên pabarataning prang kathah ingkang risak, lan kapikut ing mêngsah. Panganggenipun mimis yutan sadintênipun. Pabrik pirantos nyambut damêl siyang dalu mawi tiyang ewon, ewadene kêrêp kantu. Pangintun têdha, sandhang lan jampi tanpa pêdhot. Sadaya punika tansah kawontênakên.

Dados manawi tiyang pribumi sagêd têntrêm sêngkud panyambutdamêlipun, anggampilakên lan angiyatakên ingkang sami pêpêrangan.

Pramila pêrangan jaman sapunika botên namung para militèr kemawon ingkang tumut-tumut, ugi tumrap sadaya tiyang pribumi.

--- 333 ---

Mobilisatie atêgês andamêl sadhiyan pêrang, punika botên namung ngrigênakên tiyang kangge saradhadhu, ugi prêlu kangge nata murih pandamêlipun dêdamêl, sandhang, têdha lan jampi, makatên ugi pangupakaranipun ingkang sami nandhang tatu lan sakit ngantos ewon sagêda cêkap. Nata pajagèn katêntrêman lan têdhanipun ingkang sami kantun. Cêkak aos ing sajawining pêpêrangan, punika ugi kathah padamêlan ingkang iwut.

Ngrisak lampahing mêsin saking pabaratan pêrang punika anglêmêsakên dayaning mêngsah. Pangrisak ingkang makatên punika dipun lampahakên sarana motor mabur ingkang lampahipun kirang langkung 500 km. Sajamipun sagêd ngêwrat bom-bom ngantos 5000 kg. wawratipun.

[Grafik]

Campuh ing nginggil mratelakakên yèn wontên pêrang, nagari lan padhusunan sagêd dipun bom ing mêngsah. Pramila tiyang pribumi kêdah ugi prêlu dipun sumêrêpakên bêbaya punika, lan dipun galadhi, kadospundi ihtiyaripun nanggulangi bêbaya wau.

Ihtiyar tumraping nagari-nagari lan padhusunan katindakakên makatên:

1. Ngawontênakên satunggiling bêbadan (Bestuur) kangge luchtbeschermingdienst. Bêstir lan pulisi ingkang dados pangajêngipun.

2. Bêstir ngawontênakên kursus kangge tiyang ingkang ing têmbenipun sagêd anindakakên padamêlan luchtbeschermingdienst, kados ta:

a. Nêlik dhatêngipun mêngsah lajêng lapur sarana telêpun radhio dhatêng luchtbeschermingdienst, manawi wontên [wo...]

--- 334 ---

[...ntên] mêngsah katingal, kathahipun motor mabur lan purugipun.

b. Wara-wara dhatêngipun mêngsah sarana sirene, loncèng, bêdhug, utawi kitir (bêndhe, kênthongan).

c. Suka sumêrêp dhatêng tiyang-tiyang ing panggenan ingkang kenging kangge pangungsèn, utawi damêl panggenan ingkang sagêd kangge andhêlik, upami luwangan, guwa.

d. Nyumêrêpakên manawi dhatêngipun mêngsah kêrêp ing wanci dalu, prêlu nyingkiri mriyêm lan motor mabur ingkang sami jagi, dados manawi sampun dipun wara-warakakên sasmita dhatêngipun mêngsah, sadaya dilah lan latu kêdah dipun sirêp, supados mêngsah sampun ngantos sumêrêp lan sagêd manggih nagari lan padhusunan.

e. Nyumêrêpakên mutawatosipun: gas racun, ingkang kasêbarakên dening bom gas utawi dipun sêmprotakên saking motor mabur. Rekadaya anyingkiri gas racun wau utawi anggènipun nyawatakên.

f. Ngawontênakên pos-pos (pajagèn) kangge mitulungi tiyang-tiyang ingkang nandhang tatu lan kenging gas racun.

g. Ngawontênakên pajagèn kangge nyirêp griya ingkang kabêsmèn saking bom-bom.

h. Ihtiyar sanèsipun.

Cêkakipun cêcampuhan ing nginggil:

1. Manawi donya taksih dipun ênggèni manungsa, inggih taksih badhe wontên pêrang.

[Iklan]

2. Sadaya bôngsa sadhiya prajurit ingkang tansah dipun galadhi ing ngayuda, sanadyan niyatipun pêrang trêkadhang babar pisan botên wontên, namung kangge pajagèn kemawon.

3. Sarèhning adat pêrang sapunika, tiyang ingkang botên tumut-tumut katut ugi lan tanpa jalu, dados prêlu sadaya tiyang pribumi kasumêrêpakên lan dipun galadhi nyingkiri bêbaya wau. Manawi gladhèn wau botên kawontênakên, ing kalanipun wontên pêrang (mugi sampun ngantos kêlampahan), têmtu lêbur tanpa dados.

R. Pringgadiharja.

Leider Gasdienst.

--- 335 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Têtingalan Ringgit Tiyang Kridhayatmaka.

Garèng : Anoman aja pisan-pisan andadèkake gêtêring atinira, dene sira ingsun timbali ana ing ngarsa manira.

[Grafik]

Petruk : Kawula nuwun, wontên ing jawi rumaos kêjot kumitir kêcarup maras sarêng abdi paduka nampi timbalanipun gusti kula Sang Prabu Ramawijaya, nanging sarêng wontên ing ngarsa paduka abdi paduka pun Anjaniputra botên anggadhahi manah ingkang kêmarasan, nok nok nok non, hêr, wèh wèh wèh hêr hêr...

Garèng : Aturira andadèkake lêganing panggalih ingsun, Anoman, mung bae anggonmu mêre aja sêru-sêru, wong kampuhku ing ngarêp kalêbus, lan dhadhamu banjur katon gilap jalaran kêbanjiran... ilêrmu.

Petruk : Hê-lo. Iki gênahe rak lagi gladhi rêsik, Kang Garèng, nèk ora diêpêng têmênan anggone main, mêngko rak ora dadi. Dene yèn kanggo mêre akèh sing ambrabas, ambokiya dingapura, bêndungane cangkêm rak mung kèri pirang blindhi.

Garèng : La iya, nèk mung gludhug bae ora dadi ngapa, balik nganggo udan barang, hla aku iki sing rêkasa. Ora, Truk, sabênêre aku kiyi kok isih tomtomên karo gêbyagan wayang wong sing dianakake dening pakumpulan Kridhayatmaka ing Batawi kala malêm Sênèn kae. Ing kala samono aku rumasa gêdhe lan bungah atiku, sanadyan durung marêm babar pisan.

Petruk : Sêmono uga aku, Kang Garèng, rumasa bungah lan gêdhe atiku, jalaran kang kapisan: tongtonane bangsane dhewe wis bisa munggah nyang sêkobêrêh (gêdhong kumidhi) iki sawijining: kaurmatan bêsar, Kang Garèng. Awit lumrahe sing kêna main ana ing sêkobêrêh kuwi, ngêmungake tongtonan kang mawa kagunan sing mêncit bangêt kae. Dadi nèk mêngkono, wayang wong iya dianggêp kagunan sing muluk, apa bôngsa Jawa

--- 336 ---

umume ora wajib mêthunthung dhadhane. Kapindho: akèh para jamhur-jamhur sing padha mriksani, malah antarane ana sawatara para: dêlèr-dêlèr... ana.

Garèng : Hus, wong sêmbrana, jênêngane èdhêlir, iki pangkat ing ngalam donya tanahe dhewe kene kiyi, mèh sing mêncit dhewe, ana kok diêlih... dêl... lèr. Saya gêdhe manèh atine bôngsa Jawa, dene akèh para kaum têlèk (intellectueelen) sing padha mriksani.

Petruk : Malah akèh sing padha... blangkon. Wah, Kang Garèng, iki sawijining bêbathèning bôngsa sing sathekruk. Awit rak akèh bae kaum têlèk sing langganan nganggo cara Lônda, kang sok banjur kuwatir nèk diarani: wong Jawa. Barêng para têlèk-têlèk mau ingatase ana ing sêkobêrêh, padha krêsa ngagêm bêlangkon, malah sawênèh nyampingan nganggo wiron mèphèt barang, atiku iya banjur mak rênggunuk bae. Awit ana ing kono rak prasaksat padha ngaku nyang ngarêpe wong akèh mangkene: aku Jawa, aku Jawa, loso, loso.

Garèng : Wayah, ambok aja disambungi nganggo: loso loso barang mêngkono. Ora, Truk, bab sing wis dirêmbug iki kabèh mula iya gawe bungah lan gêdhening atine bôngsa Jawa umume, ewasamono mêksa durung marêmake, lo, kiyi karêpe mangkene: bôngsa Jawa kuwi nyang kagunan lan krawitane dhewe, wah, iya pêthunthungan-pêthenthengan têmênan, iki aku ora arêp maido, awit kagunan lan krawitan Jawa kuwi, dening bôngsa liya pancèn iya uwis dianggêp muluk têmênan. Nanging anggone mêthunthungi lan mêthènthèngi kagunan sarta krawitane apa kanthi mawa trêsna, hla kuwi atiku kok rada sêmang-sêmang. Buktine lagi malêm Sênèn kuwi bae, ingatase ing Bêtawi kuwi wonge Jawa, wah, sasayahiranèki kèhe, jêbul sing mrêlokake nonton kagunan krawitane dhewe ana ing sêkobêrêh, pating kranthil, pating srênthil, sêthithik bangêt mêngkono. Lo, sêthithik bangêt manawa ditimbang karo cacahe wong Jawa sing manggon ana ing Bêtawi kene. Tak arani wong sing nonton iya usêl-usêlan kae, jêbul mamring, sêtêngah bae ora. Mara, apa wong Jawa kêna diarani dhêmên karo kagunan la karawitane. Omong kosong, nonsên...

Petruk : Kang Garèng, anggone ora akèh bôngsa Jawa sing padha nonton ana ing sêkobêrêh, kowe aja guru-guru mutusi yèn bangsane dhewe iki salugune ora dhêmên karo kagunan lan karawitane dhewe, rak bisa uga saka sabab liya-liyane, kaya ta: karcise larang bangêt.

Garèng : Iki kanggone wong kang dhêmên, ora ana alangane. Buktine lagi kowe dhêmên-dhêmêne nyang adu kucing karo bêdor, dene nganti kok lakoni anggadhèkake pakarangane... tanggane.

Petruk : Wiyah, ambok aja doyan mêlèh-mêlèhake mêngkono. Dhêmên kang nganti banjur anglakoni samubarang kang luwih saka watês, kuwi arane dudu dhêmên manèh, nanging karêm, utawa:

--- 337 ---

mangeran. Hla, iki ngajak ora omah, Kang Garèng. Nanging wong dhêmên kuwi iya kudu nganggo duga prayoga, yèn kira-kira sing didhêmêni mau ora kêconggah waragade, dhêmêne iya kudu bisa diabani: sê-top, mas. Nèk mungguh panumuku, ing sêkobêrêh kurang wonge sing nonton, kuwi ora marga saka ora dhêmên, nanging sing akèh-akèh kiraku sabab saka bayarane rada kakèhên. Jajal saupama karcis eklas, loge mung dirêgani têlung talèn lan kêlas êmbèk sêthithik, tanggung Kang Garèng, mêsthi kêbake sing nonton. Kajaba saka iku, anggone ora akèh wong nonton kuwi bokmanawa uga jalaran saka kurang reklamê.

Garèng : Hla nèk iki aku mupakat, Truk, sajake pangrèhe pakumpulan kuwi rada sugih... eman-eman lan... aras-arasên. Sadurunge main, aras-arasên anjêjêli pakabaran nyang layang-layang kabar, maine: eman-eman ngulêmi layang-layang bakar. Lucune manèh, Truk, layang kabar sing diulêmi kuwi layang kabar Walônda: kumplit, layang kabar Tionghwa: pêpak, nanging layang kabar bangsane dhewe, ana sing kêlepyan, yaiku: pêrasaan kita. Tindake pangrèh sing kaya ngono kuwi banjur kayadene anduwèni panêmu: butuhku saiki kiyi mung dialêm, mulane ulêm-ulêmanku jurnalis Lônda lan Tionghwa iya kumplit, awit iki kabèh nyang kagunan Jawa mêsthine ora ngrêti alip bengkong, mulane bisane iya mung ngalêm thok bae. Seje karo jurnalis bangsane dhewe akèh sing ngrêti, iki mêngko rak bisa gawe... rèwèl.

Petruk : Yak, ambok aja guru-guru mada, ta Kang Garèng, kowe kudu ngèlingi, yèn Kridhayatmaka anggone nganakake gêbyagan lagi sapisan kiyi, mulane yèn tindake durung bisa bèrès, isih rada kisruh, kuwi wajib dingapura, nanging aku tanggung, Kang Garèng, gêbyagan kang kaping pindho cara Inggrise mêsthi: olrit, têgêse mêsthi bèrès.

Garèng : Iya wis, saiki taknarima dhisik, nanging... awas, yèn nganakake gêbyagan kang kapindhone kok nganti pating prênthil mêngkene, sida aja takon dosa têmênan, mêsthi kalakon takkumbah. Ora, Truk, saiki mungguh panêmumu pêrmainan sing ditongtonake ing kono kêpriye.

Petruk : Mungguhing aku nimbang tongtonan wayang uwong kuwi, kudu nganggo pathokan limang rupa, yaiku: jogèd, têmbang, irama, ôntawêcana, lan dhapure siji-sijining wayang, sukur nganggo dilanjari patrap-patrape siji lan sijine wayang.

Garèng : Bagus, jèrèngên saka siji, Truk. Cêkake rêmbug iki dikatamake. Aku iya wêruh, yèn besuk Kêmis iki kowe arêp nyang Ngayoja prêlu andhèrèk mahargya adêge kadipatèn Pakualaman ganêp satus salawe taun, ewasamono rêmbugane iki dirampungake dhisik, lo.

--- 338 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Ngudi murih tiyang purun nyambut damêl. Directeur's Lands werkinrichting ing Ngawi, apratela bilih têtiyang ingkang dipun kajêngakên nyambut damêl wontên papan ngriku punika tiyang ingkang pancèn baku lumuh nyambut damêl, nanging pinanggihipun têtiyang ingkang dhatêng, sami têtiyang jêmpo saking cacad. Ingkang punika ing sapunika wontên dhawuh saking ingkang wajib ing sêrat kêtrangan supados kapratelakakên bilih tiyang ingkang nyambut damêl punika tiyang saras badanipun.

[Grafik]

Para warga lan pangrèhing Islamietisch Hof. Kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn ingkang sampun kêpêngkêr, inggih punika ing bab wontênipun Adathof tuwin Islamietisch Hof, saha dèrèng dangu punika sampun kabikak, ingriki ngêwrat gambaripun para warga ing pangrèhing Islamietisch Hof wau. Saking kiwa manêngên: Mr. R.P. Notosusanto, griffier. H.I.M. Hasan, plv. lid; K.H. Abdulrachman, lid; R.H.M. Isa, voorzitter; H. Mochtar, lid; H. Hasbulloh, plv. lid lan M. Junaidi, adj. Griffier.

Nanggulangi sêsakit malaria ing Selebes. Dr. Stoker, ingkang mêntas nitipriksa ing bab wontêning sêsakit malaria ing Selebes sampun wangsul. Miturut pamanggihipun Dr. Stoker, ing Selebes supados kawontênakên tindak nyaèni kawontênaning patambakan tuwin sanès-sanèsipun, supados botên dados panggenaning lêmut malaria. Saha ingriku kawontênakên ambtenaar binnenvisscherij.

Pabrik karung. Wontên têtiyang golongan sawatawis saking Cirêbon bidhal dhatêng kabudidayan Dlanggu, Klatèn. Têtiyang wau sami juru nênun badhe nindakakên nênun karung wontên ing pabrik Dlanggu. Karung wau badhe kangge wadhah gêndhis.

Jamur agêng sangêt. Ing griyaning satunggilipun tiyang ing Malang pinanggih tuwuh jamuripun agêng sangêt, inggilipun wontên 1 m, agêngipun (jêmbaripun) 1 m tuwin panjangipun 1.20 m. Ingriku lajêng kathah sangêt têtiyang ingkang sami ningali, ngantos andadosakên pajagèn pulisi, saha jamuripun lajêng dipun kurung. Jamur wau nggadhahi oyod ingkang agêngipun salêngên.

Kênthang Jêpan. Ing Bandung wontên bangsa Jêpan bikak panggaotan nanêm kênthang. Sarêng dumugining mangsa nyade, ing Bêtawi kenging dipun wastani kêbanjiran kênthang Jêpan, ingkang pikantukipun ngandhapakên rêgining kênthang sanès-sanèsipun, ingkang rumiyin rêgi f 9.50 sabên 62 kg, lajêng mandhap ngantos namung rêgi f 2.50. Nanging jalaran saking nyarêngi mangsa jawah kêpêngkêr punika, tanêmanipun kênthang bangsa Jêpan ing Bandung wau kathah ingkang bosok, lajêng anjalari indhaking rêrêgèn kênthang, ngantos sagêd pajêng f 4.- dumugi f 5.- sabên 62 kg.

Panggaotan ngantih sampun badhe wiwit. Panggaotan ngantih ingkang badhe dipun wontênakên ing Têgal, kintên-kintên sagêd kawiwitan wontên ing wulan November ngajêng punika.

Sampun wiwit nyambêt ril. Ing bab badhe panyambêtipun ril sêpur saking Kêrtosono dhatêng Kêdiri sampun dipun wiwiti. Ingkang dipun wiwiti saking Kêdiri tuwin Purwosari. Ing sabên dintênipun panyambungipun sagêd angsal 200 m. Kajawi punika ugi mawi nyantuni bantalan tuwin andandosi margi. Pamasanging bantalan kadamêl langkung rêntêt. Amargi margi wau badhe kangge langkung sêpur ingkang lampahipun langkung rikat. Dene tumindaking lampah badhe kawiwitan wontên ing wulan Mèi ngajêng punika. Manawi tindak punika pinanggih mikantuki, lajêng badhe miwiti nyantuni margi sêpur Blitar-Malang tuwin Kêrtosono-Surabaya.

Gas ing Têlaga kawah Ijèn. Miturut pamriksanipun ahli rêdi latu saking Bandung, ing têlaga Ijèn pinanggih langkung bêntèr, kanthi ngêdalakên gas ingkang inggilipun ngantos 1/2 m.km. Inggiling toya botên mindhak. Mantri ingkang jagi wontên ing sacêlakipun kawah ngriku tansah nindakakên panitipriksa.

Ngèndêli pandhudhukipun siti ing Bantên. Nederlandsche Pacific Petroleum Mij. ingkang tumindak andhudhuk siti wontên ing Bantên, ing sapunika dipun kèndêli. amarggiamargi. pinanggih botên manggih wohipun, mangka anggèning andhudhuk sampun 8000 kaki lêbêtipun. Salajêngipun badhe andhudhuk ing pasitèn sanèsipun.

Sêsakit pest ing salêbêtipun pakunjaran. Ing salêbêtipun pakunjaran ing Sumêdang mêntas pinanggih wontên tiyang pêjah jalaran sakit pest. Ing bab punika lajêng nuwuhakên kasamaranipun para ingkang wajib, saha lajêng ngawontênakên papriksan sapêrlunipun. Pinanggihing papriksan, tiyang ingkang pêjah wau asli kêtularan wiji sêsakit pest saking dhusun Rancakalong, sacêlakipun Tanjungsari, sadèrèngipun sampun sakit pest, sarêng wontên ing pakunjaran andadosakên saya sangêtipun. Laminipun anggènipun wontên pakunjaran 7 dintên. Pakunjaran ing Sumêdang lajêng dipun priksa, pinanggih botên andadosakên sabab punapa-punapa.

Têdhanipun têtiyang ing pakunjaran. Awit saking pamriksanipun inspecteur-inspecteur Gevangeniswezen sajawining tanah Jawi, nyumêrêpi bilih têdhanipun têtiyang ing pakunjaran pinanggih botên sae. Ing bab punika supados wontênipun têdha wau dipun priksa ing dhoktêr ingkang dipun pasrahi mriksa, saha kawontênakên tatanan ingkang langkung sae. Ing salajêngipun pakaryan babagan kasarasan lajêng damêl sêrat wara-wara dhatêng para dhoktêr ingkang wajib supados migatosakên bab punika. Kajawi nitipriksa bab saening têtêdhan, ugi kêdah kawontênakên paniti saening dayanipun têtêdhan, punapadene nglangkungi têdhanipun tumrap têtiyang ukuman ingkang nyambutdamêl awrat.

--- 339 ---

Ngindhaki rikat lampahing sêpur. Miturut wartos, wiwit benjing wulan Mèi ngajêng punika wontên ewah-ewahan ngrikatakên lampahing sêpur saking Bêtawi dhatêng Bogor, Sukabumi tuwin Bandung. Tumrap margi sêpur Krawang dèrèng sagêd katindakakên, amargi prêlu badhe andandosi marginipun rumiyin, sarana ngewahi margi-margi ingkang menggokipun malêngkung sangêt. Manawi sampun tumindak lampah rikat wau, têtiyang saking Bogor ingkang badhe dhatêng Bandung botên pêrlu mêdal Bêtawi malih.

Lampah layaran saking Makasar dhatêng Eropa. Miturut wartos wiwit ing wêkasaning wulan Maart punika badhe wontên lampah layaran saking Makasar lajêng dhatêng Eropa, ingkang katindakakên dening Kon. Wilhelm Wilhelmsen.

Tosan lami ingkang katumbas dening bangsa Jêpan. Sampun sawatawis dangu tumindaking kintunan tosan lami saking tanah ngriki dhatêng Jêpan dipun kèndêli, margi dèrèng angsal palilah saking parentah Jêpan ingkang gêgandhengan kalihan parentah ngriki. Ing sapunika palilah wau sampun wontên, mila lajêng tumindak wontên kintunan tosan lami malih. KitunanKintunan. tosan lami wau saking Padang wontên 4000 ton, saking Oosthaven 400 ton, saking Surabaya 500 ton tuwin saking Tanjungpriok 1300 ton. Salajêngipun kathah têtiyang dagang alit ingkang wiwit pados tosan.

Societeit têtiyang siti. Dumuginipun sapunika ing Bêtawi kenging dipun wastani dèrèng wontên societeit gadhahanipun têtiyang siti ingkang nama agêng. Ing samangsa-mangsa wontên pêrlu ingkang agêng kêpêksa pados panggenan sanès. Ing bab punika lajêng wontên parêpataning para golongan têtiyang siti ngrêmbag badhe damêl gêdhong ingkang nyêkapi samangsa wontên pêrlunipun. Kaangkah sagêda nyêkapi kangge kêmpalan tiyang 2000.

Kajêng saking tanah ngriki tumrap nagari Walandi. Awit saking ada-adanipun Prof. Dr. C. van Iterson, nyobi damêl dlancang ingkang badhenipun kajêng saking tanah ngriki wontên ing T.H.S. ing Delft, pinanggih sae. Sagêd ugi dados majênging kajêng wau saking tanah ngriki.

Pakêmpalan anti-wukêr badhe ngawontênakên congres. Pakêmpalan anti-wukêr ingkang wontên ing Surakarta, ingkang dipun sêsêpuhi Mr. P.A. Blauw, benjing tanggal 9 tuwin 10 April ngajêng punika badhe ngawontênakên congres, manggèn wontên ing soos Harmonie, adhêdhasar parêpatan umum. Congres punika badhe dipun dhatêngi wêwakiling pang-pang saking Medan, Padang, Bêtawi, Bogor, Ngayogya, Magêlang tuwin Surabaya.

Bank Pasar. Bank Pasar dipun êdêgakên dening Centraal Cooperatie ing Sragèn sampun wontên nêm panggenan, inggih punika ing pêkên Sragèn, Gondang, Tangèn, Masaran, Pajok tuwin Sambirêjo. Salajêngipun sampun ambikak malih ing Gêmolong, saha salajêngipun ing Gabugan.

Tilar donya umur 150 taun. Sampun sawatawis dintên Tuwan Nitikromo ing Ngagêl, Ngayogya, tilar donya sampun umur 150 taun. Tuwan Nitikromo wau sanadyan kala gêsangipun sampun umur samantên, untunipun taksih wêtah kiyat sangêt, dèrèng wontên ingkang rêntah satunggal kemawon. Têtêdhan ingkang kados punapa atosipun taksih kuwawi mamah, malah botên kawon kalihan neneman ing sapunika.

Boyongan. Miturut wartos, ing salêbêtipun taun punika badhe wontên kulawarga saking tanah Jawi cacah 300 kêgolong bangsa Madura badhe boyongan dhatêng pulo Muna. Dene tumrap parèh-parèh tuwin Pulauwali wontên kalih golongan bangsa Jawi cacah 300 tuwin 500. Tumrap paboyongan ing Pêngaron (Borneo) pinanggih nyênêngakên. Dene tumrap ing Nieuw-Guinea kintên-kintên badhe kawontênakên ing taun 1942.

Pabrik sês Nitisêmita nunggilakên damêl. Wontên wartos pabrik sês Nitisêmito ing Kudus badhe nyambut damêl sêsarêngan kalihan pabrik sês sanès-sanèsipun sawatawis. Tumindaking damêl sêsarêngan wau adhêdhasar cooperatie. Rancanganipun badhe tumbas motor mabur piyambak, pêrlu badhe kangge anggêgana dhatêng Singapura, pangagêngipun Mr. Sahehudin. Tumindaking wara-wara badhe kalampahan sarana radio saking Kudus. Kintên-kintên ada-ada punika badhe tumuntên katindakakên.

NAGARI WALANDI.

Bangsa Indhu dados Mahaguru. Kawartosakên, Prof. Venkata Raman, satunggiling bangsa Indhu ingkang angsal Nobelprijs, badhe anggêntosi Prof. Zeeman wontên ing Universiteit Amsterdam.

[Grafik]

EROPA.

Usrêk-usrêkan ing Oostenrijk. Kala malêm Sabtu wanci jam 10 dalu wadya Jerman malêbêt dhatêng Oostenrijk. Mênggah wigatosing sêdya supados Schuschnigg kèndêl anggèning nyêpêng panguwaos Oostenrijk, dipun gêntosi dening Seyss Inquart. Kêlampahan Schuschnigg kèndêl. Ing sapunika kenging dipun wastani Oostenrijk sampun dados satunggal kalihan Jerman. Nalika Sang Hitler dhatêng ing Oostenrijk tinampi kanthi gambiraning manah dening rakyat Oostenrijk.

Pajagèn praja Italie. Rantaman waragad marine Italie taun 1938-1939 gunggungipun wontên 2013 yuta lire, inggih punika 155 yuta lire langkung kathah tinimbang taun kêpêngkêr.

Prins Bernhard wontên ing Londen. Sampun sawatawis dintên Sri Paduka Prins Bernhard tuwin ingkang rayi, Prins Aschwin rawuh ing Londen. Kala punika kathah ingkang migatosakên, ing station Liverpool kathah sangêt tiyang ingkang ngurmati tuwin kamirêngan suwaraning têtiyang ngurmati. Sri Paduka Prins Bernhard dipun tampi dening utusan nagari Walandi Van Limburg Stirum, lajêng dhahar wontên kadhaton. Panyarenipun wontên pamondhokan partikêlir. Kala titihan dalêm Sri Paduka Prins Bernhard dumugi ing palêrêman kèndêlipun taksih têbih, lajêng tindak, ingriku dipun urmati ing tiyang kathah ingkang nandhakakên bilih têtiyang ingriku sami sarju.

AMERIKA.

Bêna ing Amerika. Ing Amerika sisih kidul mêntas wontên bêna agêng, wontên kitha satus sami kêlêban ing toya, têtiyang ingkang tiwas 124, ingkang kecalan pangauban 20.000. Kala punika ngantos damêl kandhêging lampahipun sêpur saking Los Angeles dhatêng San Francisco. Wontên griya ingkang dipun suwungakên 1500. Tiyang ingkang ical wontên 117, kapitunan 25 yuta dollar.

AUSTRALIA.

Boyongan dhatêng Australie. Kabinèt Australie nêtêpakên badhe anggêsangakên malih tatanan nampèni têtiyang ngamanca saking Inggris ingkang angsal pitulungan arta saking parentah. Bab cara makatên punika sampun sawatawis taun dipun suwak.

AFRIKA.

Manggih mas tuwin intên. Miturut wartos, têtiyang ingkang sami nindakakên panitipriksa kawontênanipun pasitèn ing Ngabêsi, ing sauruting lèpèn Lulumana sacêlakipun Gima, laladan provincie Gala, manggihakên papan pamêlikan mas tuwin intên. Pamêlikan wau kakintên ing saindêngipun tanah Ngabêsi ingkang agêng piyambak.

--- 340 ---

Wêwaosan

VII Lêlampahanipun Mikalyapotok.

58

Kajawi punika banyak wau akalung sêsotya ingkang sakalangkung kathah rêginipun. Nyumêrêpi kawontênan ingkang makatên punika, Mikalya enggal-enggal nyandhak jêmparingipun, nanging sarêng banyak wau badhe kalêpasan ing jêmparing, dumadakan lajêng nyuwara kadosdene manungsa, makatên:

Dhuh, satriya, mugi kula sampun panjênêngan tamani jêmparing punika, awit kula punika sajatosipun dede banyak, nyatanipun manusa botên beda kados panjênêngan. Nama kula: Rara Adhoca, putrinipun Prabu Likoje ing praja Podholi. Manawi panjênêngan krêsa anggêsangi kula, kula sagah dados jatukrama panjênêngan.

Kanthi gumun ingkang tanpa upami, Mikalya tansah ngawasakên dhatêng banyak ingkang sagêd tatajalma punika, saha lajêng bingung anggènipun badhe mangsuli. Ing wusana banyak wau saking balok kajêng wau ujug-ujug lajêng mêncolot ing gisik. Mikalya dèrèng ngantos wicantên punapa-punapa, banyak sampun malih awujud satunggiling kênya ingkang sakalangkung endah ing warni. Nyumêrêpi wawarnèn ingkang makatên wau, Mikalya rumaos katarik manahipun ingkang tanpa upami, amila towokipun lajêng katancêbakên ing siti, kapal kacancang ing towok, sarta lajêng enggal-enggal mêthukakên sang endahing warni wau. Mikalya lajêng nyandhak darijinipun sang kusuma, ingkang kêbak sêsupe mawa sêsotya, sang kusuma lajêng karangkul, nêdya dipun aras. Nanging sang endahing warni wau ngendhani saha enggal-enggal nguwalakên rangkulanipun sarwi wicantên makatên:

Dhuh, satriya mugi panjênêngan sampun age-age ngaras kula rumiyin, awit kula punika dèrèng rêsik. Kauningana, kula punika anakipun raja kapir, amila panuwun kula, mugi kula panjênêngan bêkta dhatêng ing praja Ruslan, ing kitha Kiyêph, supados kula sagêd ngrasuk agami Srani rumiyin, sasampunipun lajêng sagêda kaijabakên kalihan panjênêngan miturut pranataning agami. Manawi sampun kalampahan makatên, kula inggih namung lajêng andhèrèk sakêrsa panjênêngan kemawon.

Tanpa ngucap punapa-punapa Mikalya lajêng nyandhak bangkekanipun sang putri, kajunjung sarta lajêng katumpakakên ing kapalipun. Sasampunipun makatên, Mikalya piyambak lajêng nyengklak kapalipun, ingkang lajêng kabandhangakên nuju dhatêng Kiyèph. Sarêng dumugi ing sacêlakipun kadhaton, Mikalya lajêng undhang-undhang abdi karaton kapurih ambêkta angsal-angsalanipun maliwis lan banyak wana wau dhatêng pawon, dene piyambakipun piyambak enggal-enggal anjujug ing bangsal pahargyan. Sadumuginipun ing ngriku, Mikalya nêlungakên badanipun tumuju dhatêng Prabu Wladhimir tuwin sang pramèswari, sasampunipun lajêng suka urmat dhatêng para tamu sanès-sanèsipun. Salajêngipun Mikalya nuntên matur dhatêng sang prabu kirang langkung makatên:

Dhuh, sang prabu sêsêmbahan kawula sadaya. Sadaya dhawuh paduka sampun kawula lampahi, lan mênggah angsal-angsalan kawula awujud mliwis tuwin banyak wana kados sampun anyêkapi. Kajawi punika kawula piyambak ugi angsal-angsalan, inggih punika: wangsul kawula mriki kanthi ambêkta wanita endah ing warni. Ingkang punika, panuwun kawula dhatêng sang prabu mugi krêsaa paring palilah dhatêng kawula tumuntên kadhaupakên kalihan wanita punika.

Sang prabu: Andadèkake lêganing panggalih ingsun, dene sira olèh boyongan putri, kang arêp dadi têtimbanganira. Wis mêsthi bae yèn ingsun kanthi sênênging panggalih nêdya paring idi marang panuwunanira mau. Kajaba saka iku, anggonira wis ngolèhake apa pamundhut ingsun, sira nêdya nyuwun ganjaran apa.

Mikalya: Nuwun, kados sampun kathah ganjaran nata ingkang kaparingakên dhatêng kawula, dados ing bab punika sinuhun botên prêlu amanggalih. Ewasamantên manawi sinuhun mêksa badhe paring ganjaran dhatêng kawula, panyuwun kawula kalêrês dintên ijab kawula kalihan putri wau, mugi para kawula ing Kiyèph sadaya, kaparênga nêdha lan ngombe sakatogipun laminipun tigang dintên tigang dalu kanthi lêlahanan.

Prabu Wladhimir: Panuwunanira ingsun lêksanani, Mikalya, minôngka angurmati ijabira iki, kabèh uwong kêna ngombe lan mangan sawarêge kanthi wragad ingsun. Dene sira dhewe, ingsun pundhut têmuning pangantèn supaya katindakake ana sajêroning kadhaton, kanthi ngulêm-ulêmi para pangeran, mantri bupati lan para têtungguling prajurit kabèh. Badhe kasambêtan.

--- 41 ---

Nomêr 11, 16 Marêt 1938, taun III

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Rêbo.

Bab Pakulitan.

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 20.

Mila ing ngriki, sagadug-gadug kula, kula badhe ngandharakên ing bab panjagi, kajawi kados tindakipun C. ugi botên namung cêkap wêdhakan sabên badhe kêkesahan kemawon, sanadyan botên badhe kêkesahan inggih kêdah sabên enjing mrêlokakên siram wuwung, dene wêkdal siram wau sampun ngantos srêngenge malêthèk, samantên ugi yèn siram wêkdal sontên sampun ngantos langkung saking jam gangsal.

Mênggah pikantukipun, soroting srêngenge wêkdal enjing miturut pamanggihipun para sagêd, kirang prayogi tumrap badaning tiyang, ingkang pinuju kakêmbêng ing toya. Dene soroting srêngenge ing wêkdal sontên sae sangêt kangge pakulitan sarta kasarasaning tiyang.

Sasampunipun siram, badan sakojur kêdah dipun kêsat ingkang ngantos garing, langkung-langkung ing cêpit-cêpitaning badan, kêdah dipun srêbèti ngantos garing sayêktos, kados ta: cangklakan, sêla-sêlaning driji lan sanès-sanèsipun. Mila kêdah makatên, awit upami ngêmbêng toya, sanadyan toya ingkang bêningipun anglangkungi, mêksa kirang sae tumraping kasarasan.

Sasampunipun dipun srêbèti sarta sampun garing, badan sakojur lajêng kabobokana utawi kagosoka wêdhak. Dene wêdhakipun prayogi ngagêm wêdhak asrêp, utawi wêdhak parêm, sarta wêdhak wau kêdah dipun toyani toya matêng sarta kacampuran toyaning jêram pêcêl, ugi kenging mawi toya wantah kemawon. Dene sasampunipun wêdhakan, kintên-kintên sampun saprapat jam, lajêng kagosoka andhuk utawi sinjang ingkang rêsik.

Dene ingkang langkung wigatos tumraping ngudi saening praupan, kêdah adhêdhasar saras.

Êmbok Sundiyah.

Mijèn, Boja.

--- 42 ---

Kamajêngan Wanita Bali.

Ing bab kamajênganing wanita bôngsa Bali, punika lampah-lampahipun botên beda kados tumindakipun wanita bôngsa Jawi nalika sawêk badhe majêng, anggèning badhe ngambah dhatêng pamulangan tansah rangu-rangu, kabêkta saking sawêk katêmbèn. Mila kenging dipun wastani ajêngipun wanita bôngsa Bali kapetang kantun tinimbang golongan sanès-sanèsipun.

Rêrigênipun ingkang wajib anggèning badhe ngajêngakên bôngsa Bali supados purun anglêbêtakên anakipun dhatêng pamulangan, wiwit taun 1908, nanging wohipun mêksa dèrèng nglêgakakên.

[Grafik]

Para warganing P.B.S. ingkang sami nyinau olah-olah punapadene dêdamêlan tangan.

Nanging wantuning pangudi wau tansah lumintu, dangu-dangu inggih lajêng sagêd ambuka manah, malah dumugi wanitanipun pisan ugi sami majêng. Dumugi taun 1930 sampun wontên wanita bôngsa Bali ingkang nglajêngakên pasinaonipun dhatêng Bandhung, tuwin ing taun 1931 wontên malih 24 ingkang dhatêng Blitar sami nglajêngakên sêkolah guru.

[Grafik]

Murid-murid kursus basa Walandi ingkang dipun wontênakên dening P.B.S. Dhènpasar. Ingkang ngangge clana punika gurunipun.

Ing salajêngipun ing Dhènpasar wontên bikakan Meisjesvervolgschool, saha sami ngangge guru asli saking ingkang nglajêngakên pasinaon wau. Namung sarèhning taksih kêkirangan panggenan, kathah ingkang dèrèng tumônja.

[Grafik]

Ing salah satunggiling sêkolahan kursus a.b.c. gadhahanipun P.B.S. ing Dhènpasar.

Dumugi ing tanggal 1 Oktobêr 1936, para wanita ing Dhènpasar Bali, sampun sagêd ngêdêgakên pakêmpalan nama Poeteri Bali Sedar. P.B.S. ing sakawit warganipun namung 5, dangu-dangu saya mindhak kathah. Dene ancasing pakêmpalan wau:

1. Mitulungi lare-lare èstri wêdalan pamulangan andhap ingkang kandhêg pasinaonipun, jalaran [jalar...]

--- 43 ---

[...an] botên gadhah waragad, lajêng dipun waragadi, 2. Ngudi para botên sumêrêp sastra sagêda maos tuwin nyêrat, 3. Nampèni lare-lare èstri ingkang asli saking sanès panggenan, 4. Ngawontênakên wulangan basa Walandi, tuwin 5. Ngawontênakên wulangan olah-olah.

Sadaya wau kenging kangge titikan kamajênganing wanita bôngsa Bali, ing salajêngipun tamtu botên beda kalihan kajamênganing wanita golongan sanès.

Mêgatruh

Surup-surup kapiyarsa jago kluruk / binarung ocèhing pêksi / ting kariyèk kuthuk-kuthuk / jroning kombong kapiyarsi / kruk kruk suwaraning babon //

ing ngawiyat sumilaking mega mêdhung / akarya lamlaming ati / ing plataran ting gadêbug / swaraning lare prasami / dêdolanan myang gêguyon //

hyang baskara wus tan kèksi sunaripun / lir nyatru isining bumi / rêpêt-rêpêtnya sumusul / lir pendah asung pêpeling / yèn sang pêtêng wus mèh rawoh //

pêtrèk-pêtrèk kamirêng swara sing pungkur / anguwuh putranya èstri / ingkang lagi enak lungguh / ngrasakkên kêsêling dhiri / jalaran mêntas badminton //

dhuk dhuk gêndhuk bok wis enggal mênyang pungkur / adus-adus kana dhisik / cikbèn ta ilang kêsêlmu / mumpung durung pêtêng iki / aja tansah anjêdhodhog //

ta dêlêngên gulo wis mèh tabuh pitu / bokya rada eling wanci / aja dupèh dina Minggu / banjur apa-apa prèi / kajaba ngêpêng badminton //

ngèlingana jênêng wadon mono gêndhuk / yèn miturut kawruh Jawi / sayêkti gawat kalangkung / nadyan jamane wus salin / iya kudu ngatos-atos //

luwih-luwih jaman iki sarwa worsuh / tan bedakkên jalu èstri / kagawa lajuning kawruh / kawruh anyar ngatasangin / kang tansah mung gawe gawok //

pancèn aku nadyan kolot uga mathuk / mring ajuning cah saiki / gone padha ngudi kawruh / kanggo sanguning ngaurip / urip anèng jaman poprok //

muga-muga Gusti kang murbèng sawêgung / angosikkên jroning ati / mring pra mudha ywa kalimput / kasusilanya pribadi / aywa kongsi katalorop //

ngèlingana yèn padha Jawi satuhu / tan prayoga lamun kongsi / nilar kasusilanipun / luwih-luwih tumrap èstri / nadyan putus kawruh kulon //

mula gêndhuk datan liya wêkas ingsun / nadyan ta sira wus wasis / cara Lônda Inggris putus / kasusilanmu ywa lali / êndi kang pantês linakon //

yèn matrapkên muna-muni tindak-tanduk / dèn prayitna ngati-ati / aywa kongsi manggih dudu / dèn bisa anuju ati / iku aran wruh ing kewoh //

lamun muwus kulinakna ingkang alus / linuting ulat kang manis / supaya bisa amatuh / marang pakarti kang bêcik / mamrih rêna ingkang wêroh // Badhe kasambêtan.

S. Bok Wir.

--- 44 ---

Bab Olah-olah.

1. Rôndhakèli

Damêl pincuk, godhongipun kêdah dipun alumakên rumiyin. Jladrèn glêpung wos kadamêl cuwèr lan santên kaparingan gêndhis jawi salêginipun, lajêng kagodhog ngantos matêng. Bilih sampun matêng. Nuntên dipun sokakên ing pincuk wau.

Anggodhoga santên kanil kaparingan glêpung sakêdhik, manawi sampun matêng, lajêng kaêsokakên ing sanginggilipun (ing salêbêting pincuk), lajêng kadhahar.

2. Klapêrtar

Tigan lan gênmisgêndhis. pasir kaublêg ngantos wat. Roti kêring dêgan lan panili kadhêplok ngantos lêmbat. Sadaya kacampur kalihan ublêgan tigan lan gêndhis pasir kasêbut ing nginggil, lajêng kaparingan susu. Kawadhahan ing piring sèng nuntên dipun êpan, manawi sampun jêne, lan saupami kacublês sujèn sampun kalis, tôndha sampun matêng.

3. Lumpiah

Ngublêga tigan ngantos wat, manawi sampun kaparingana trigu sakêdhik, tuwin kaparingan santên kanil lan sarêm, lajêng kadadar tipis-tipis, bilih sampun matêng, kaisènan bakmi garing. Sasampunipun lajêng kagorèng mawi mêrtega utawi lisah klapa, prayogi kadhahar mangêt-mangêt.

4. Osik

Brambang 3 sendhok dhahar, bawang 3 siyung, lombok abrit agêng godhogan 5 iji, laos 3 iris, jae 2 iris, kunir bakaran 1/2 driji, kêmiri 6 iji, trasi 1 sendhok tèh, asêm 1 sendhok tèh, gêndhis jawi. Sadaya wau kaulêg ngantos lêmbat lajêng kagorèng. Daging kacêmplungakên lajêng dipun ungkêp ngantos jêne, sasampunipun lajêng kaparingan santên klapa 1/4 gluntung, sêre 1 driji, godhong jêruk purut 1 lêmbar. Manawi sampun mêdal lisahipun kaêntas.

5. Randhang (rêndhang)

Kêmiri, tumbar, jintên, lombok abrit, bawang, brambang, jae, trasi, kunir kaulêg, dipun godhog kalihan daging, kaêmoran toya klapa, santên, sêre, godhong salam, manawi sampun ragi asat dipun kêcêri toya jêram pêcêl, kagodhog ngantos mêdal lisahipun.

6. Sambêl Brandhal

Lombok 10 dipun panggang sakêdhap, trasi, kêmiri, sarêm, toya jêram pêcêl, kaulêg lajêng kagôngsa.

7. Buta ngilêr.

Anggodhoga toya 1 panci kalihan gêndhis pasir sacêkapipun. Manawi sampun umob, dipun soki jer-jeran pathi tela 2 cangkir. Dipun udhak ngantos kênthêl, matêng. Lajêng dipun sok ing wadhah, dipun lèr ngantos kenging dipun irisi, lajêng dipun krawu mawi parudan klapa mawi sarêm sajumput.

SUPIYAH, Bancar.

Jatirogo-K. 2632.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 24, Rê Pa, 21 Sura Jimawal 1869, 23 Marêt 1938, Taun XIII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [357] ---

Ôngka 24, Rê Pa, 21 Sura Jimawal 1869, 23 Marêt 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Balapan baita.

[Grafik]

Untabipun têtiyang wontên ing lèpèn Musi nalika kawontênakên balapan baita kangge ngurmati rawuh dalêm kangjêng tuwan ingkang wicaksana têdhak dhatêng Palembang.

--- 358 ---

Bab Kasarasan

Tas wadhah praboting dhoktêr ingkang dados titikan yèn dhoktêripun sampun lami paham utawi wêkêl panyambutdamêlipun.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 23.

Dr. H. saking bingah tuwin agênging manahipun, sanalika mèh ambruk, nanging lajêng sagêd nêtêgakên adêgipun, rainipun inggih bingar sanalika, ing batos ngucap sukur dhatêng Pangeran, dene piyambakipun sagêd mitulungi lare wau.

Dhoktêr lajêng mêndhêt pipa (conule) saking tasipun, dipun lêbêtakên ing bolonganing gurungipun lare wau, wêwah sakeca anggènipun nyêrot hawa.

Êrah ingkang wontên sakiwa têngênipun gulu lare dipun rêsiki, riyak utawi rêrêgêd ingkang mêdal saking bolongan wau dipun usapi mawi kapas, tuwin lare dipun sèlèhakên ing patilêmanipun, katingal bingar, ambêganipun sagêd lêga kados adat.

Lah sapintên bingahing bapa biyungipun, dene lare wau sampun sagêd mêlèk lan ambêganipun sakeca makatên.

Bêntèripun dipun ukur inggih sampun mandhap, pipa (conule) ingkang ngêdalakên rêrêgêd riyak utawi sanèsipun wau lajêng dipun rêsiki.

Sadalu natas Dr. H. namung sagêd lèyèh-lèyèh ing kursi ngriku sakêdhap. Biyungipun lare wau anggènipun mlêbêt ing sênthong tansah wongsal-wangsul prêlu ningali anakipun ingkang tansah mêlèk akrugat-krugêt.

Sarêng kalih jam malih, kintên-kintên jam 4 enjing, lare wau dipun suntik serum malih, dados kaping kalih punika panyuntikipun sagêd langkung sakeca, malah purun ngombe puhan utawi tèh barang, lajêng tilêm anglêr.

Sanajan Dr. H. botên tilêm sadalu, nanging kraos marêm ing manah, amargi sagêd nulungi lare wau.

Jam 6 enjing dhoktêr tangi saking kursi, wicantên kalihan mèsêm dhatêng bapa biyungipun lare wau: Wis saiki anakmu kêna kok arêp-arêp warase, mung pipa sing ana ing gurunge anakmu kuwe sabên-sabên rêsikana nganggo kapas iki, mêngko liya dina aku iya tilik mrene, sajêrone 10 dina anakmu mêsthi wis waras babar pisan.

Biyungipun lare katingal bingah sangêt saha maturnuwun dhatêng Dr. H.

Dr. H. ngombe wedang tèh kalihan ngadêg lajêng numpak kreta, bapakipun lare inggih tumut numpak, awit badhe mêndhêt jampi dhatêng apotheek.

Kintên jam 9 kreta mandhêg dumugi ing dalêm kadhoktêran R. Dr. H. kraos sayah sangêt, panganggenipun jas pantalon pating klunthung lan kêtêkuk-têkuk, tasipun têlês kêbês, gluprut lumpur.

Dr. R. lênggah ngajêngakên meja dhahar, rèhning sariranipun sampun ngaso lajêng katingal sêgêr. Kala samantên Dr. R. pinuju ngoncèki tigan satêngah matêng. Sarêng Dr. H. katingal dhatêng nyakêt meja, Dr. R. ngandika mèsêm: Sukur kowe têka,

--- 359 ---

mau bêngi sawêngi mêsthine kowe ora turu, tasmu saiki wis gluprut balêthok, rupane wis ora katara anyar, amarga wis ora kilêng-kilêng, dadi wong wis padha nganggêp yèn kowe kuwi dhoktêr kang wis kulina nindakake pagawean, tandhane ya tasmu sing wis lungsêt mêngkono iku.

Dhoktêr kêkalih lajêng sami sarapan.

Mênggah andharan ingkang kasêbut ing nginggil punika, kajawi awoning tas ingkang nandhakakên rêkaosing lampahipun dhoktêr ingkang nindakakên kawêkêlanipun, para maos têmtu sagêd anggalih pakèwêd tuwin susahipun, yèn mrangguli sêsakit ingkang nêmbe kasumêrêpan sapisan punika saha prabotipun dèrèng kasamêktan, kados ingkang dipun alami dening Dr. H. ing nginggil wau.

Dene padamêlanipun dhoktêr ingkang sampun tumindak sae, punika awrat têtanggêlanipun, langkung-langkung sawênèh dhoktêr ingkang kajibah nyêpêng bawah piyambak, prasasat botên gadhah wêkdal kangge ngaso utawi kangge manggihi tamu mirungga, awit kajawi saking ngrêksa têtanggêlanipun priyantun ingkang sampun mêsthi, botên kenging ngêmohi yèn wontên tiyang sakit ingkang gêgayutan padamêlanipun priyantun pulisi, ingkang wontênipun sawanci-wanci.

Dene dhoktêr ingkang taksih enggal dèrèng mapan anggèning praktijk manawi kêrêp mrangguli sêsakit ingkang anèh nêmbe sumêrêp sapisan punika, tuwin kêrêp manggihi tiyang sakit ingkang sampun kasèp utawi pakèwêd anggènipun nêtêpakên sêsakitipun, sarta ingkang dipun jampèni rambah-rambah tansah botên jodho, amargi pancèn sakitipun sampun sangêt, punika mêgahakên dhoktêripun, saha asring lajêng nalôngsa rumaos yèn sagêd anjampèni, malah dhoktêr[...]Naskah rusak.

[Iklan]

--- 360 ---

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Têdhak dhatêng Palembang

Kajawèn ingkang sampun kêpêngkêr ngêngratngêwrat. gambar dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana nalika wontên Tanjungpriuk badhe têdhak dhatêng Sumatra. Ing ngriki salajêngipun badhe ngêwrat gambar-gambar têdhak dalêm wau wontên ing tanah Sumatra sapiturutipun.

[Grafik]

Ing sisih punika gambar dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana nalika têdhak dhatêng Palembang wontên ing dalêm karesidhenan, ingkang ing ngriku ugi kawontênakên barising wadya kaurmatan.

[Grafik]

Gambar ngandhapipun, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana wontên ing kapal "Rigel" kaapit-apit ing Tuwan Residhèn (sisih têngên) lan Tuwan Bêsar Gêmistêr (sisih kiwa), nuju mriksani balapan baita (Kenceran) wontên ing lèpèn Musi, ingkang dipun wontênakên prêlu kangge pakurmatan rawuh dalêm, ingkang gambaripun kaêwrat ing sisih ngajêng punika.

Untabing baita ingkang kacêtha wontên ing gambar, punika ngatingalakên bilih kaarjanipun nagari Palembang punika gêgayutan kalihan lampahing toya. Mila botên anèh bilih ing ngriku punika dipun wastani nagari toya.

--- 361 ---

Wulang Sae

Makarya

Mijil

akèh mijil pakaryan mênuhi / iku ywa winaon / ananira awon miwah sae / ingkang sae yogya dèn kawruhi / anulya nglampahi / ingkang sae tuhu //

nuhonana nala nalatèni / niru anon tiron / nonton conto kang pantês pintone / nelad nulad naliti nitèni / niyat miyatani / nilar kang tan dunung //

cipta kêncêng ngancas marang bêcik / cak-cakane mencok / cikat cakut cakêp nora lècèk / caking gawe rinancang rinicik / cacade dèn ucik / cukup kanggo gacuk //

rinewangan sarèh lan tabêri / rigên nora blero / rêroncène linuru nalare / rekanira lumaris lastari / rinêksa ing wuri / rinancang ywa kliru //

kalakone yèn linakon kaki / kiyêng tan andhoko / kanthi akal gone nindakake / kas tawêkal wêkêl mungkul wiki / kulina têtèki / karbèn bisa mêngku //

dèn waspada tanduking makardi / dimèn tan malendo / dêrênging tyas datan nêdya sande / dening kandêl-kumandêl ing budi / dinadar tan wêdi / dèn ceda tan bêndu //

tumindake têtêp ngati-ati / tlatèn nonton conto / titèn ngrêtèn nastiti ubête / têmên-têmên tumêmên gumati / titiking pakarti / tita yèn umèstu //

sabarang rèh kang sarèh ywa kongsi / sinartan pangoso / sing waspada mindêng pamawase / sèlèhira sayêkti kaèksi / sing bisa nguwisi / sagung kang pinêsu //

wuse mawas maring samukawis / wikanana kang wos / wose luwês mring wajib tan nglèwès / wasis muwus waton tan cariwis / wis masthi cumawis / wohe nora kawus //

lamun sanggêm lakonana nuli / linantih dèn alon / lênging nala ywa walang tumolèh / luput bênêr pilahe pinilih / liniling ginalih / linaras mrih luluh //

pinardi tyas sumanggêm nyanggupi / pandak datan mopo / panggarape sinrêmpêng tan supe / pambabare pinantês kang rapi / pinurih ngrêsêpi / pinilah kang luput //

dhêmên ngidhêp dhawuh kang ginêndhing / dhêdhasar cumadhong / dhong kajodhi dhinadhal mrih adhèng / dhenga-dhenga kang dhangan sinandhing / dhawuhe tinandhing / dhang-adhang yèn nyandhung //

janji jêjêg[...]Naskah rusak.

--- 362 ---

dèn anggo / godhaning tyas ginuwang ge-age / gènnya nyêgah tangguhe jinagi / ginauwa ugi / gagasan lan minggu //

budidaya cikbèn bisa nyambi / birat kang carobo / boya kêmba binudi mrih têmbe / bebas abis kabèh kang nyababi / babare nyawabi / barkah marang kalbu //

thênging èsthi thak-thik ngothak-athik / thuke wus gumathok / thokthêle mung gumlèthèk jlêkèthèk / thèrèk-thèrèk kang kithal cinuthik / tharethekan mêthik / thuk-thukan kang mathuk //

nganti mêngêng ngêngkêng moh pinênging / ngêse gawe mlêngong / ngôngka kongas nanging nora tèngèng / ngèngsrèng-èngsrèng tan mèngèng pinênging / ngira bangkit minging / nganti kaya pêngung //

puntuning tyas êntyarsa sêsanti / wiryaa pra maos / widadaa basukia kabèh / arja bêgja jinurung sakapti / kula nyênyadhang sih / aminta pamêngku //

Wirya Wiarja.

Kawontênan sarta Kamajênganing Nagari sarta Karaton Dalêm Ngayogyakarta Adiningrat

Sambêtipun Kajawèn nomêr 19.

Para abdi dalêm ingkang kagolong panèwu sêpuh.

Para wayah dalêm ingkang dèrèng angsal pangkat, [...]Naskah rusak. punakawan. 3. wadana kadipatèn. 4. prajurit. 5. prentah kapatihan. 6. [...]Naskah rusak. 7. anggandhèk. 8. wadana srati. 9. gêdhong kiwa. 10. kêparak[...]Naskah rusak. gêdhong têngên 12. sitisèwu. 13.[...]Naskah rusak. 14. panumping. 15. bumi[...]Naskah rusak. 17. kori.Naskah rusak. 7. gêdhong têngên. 8. sitisèwu. 9. maos enggal. 10. panumping. 11. bumija. 12. maosan. 13. taman. 14. kori. 15. kapatihan. 16. pangulon. 17. lurah punakawan kaji. 18. prangrèh praja. 19. jaksa. 20. gladhag, 21. kadipatèn. 22. êncik. 23. kusir. 24. musik.

Para abdi dalêm ingkang kagolong mantri

1. bêkêl punakawan bêdhaya. 2. bêkêl punakawan gêdhong kadipatèn. 3. bêkêl sêpuh punakawan putra. 4. opêr wahmistêr langênastra. 5. panyomprèt. 6. bêkêl sêpuh punakawan. 7. patehan. 9.Seharusnya 8, dan selanjutnya. bêkêl sêpuh punakawan kadipatèn. 10. buyut dalêm ingkang dèrèng angsal pangkat. 11. punakawan grêji. 12. kêparak kiwa para lurah. 13. gêdhong kiwa para lurah. 14. kêparak têngên para lurah pangrêmbe. 15. gêdhong têngên para lurah. 16. kori para lurah. 17. kadipatèn [kadipa...]

--- 363 ---

[...tèn] para lurah. 18. prajurit. 19. canggah dalêm ingkang dèrèng angsal pangkat. 20. kêparak kiwa. 21. gêdhong kiwa. 22. kêparak têngên. 23. gêdhong têngên. 24. sitisèwu. 25. maos inggal. 26. manumping. 27. bumija. 28. maosan. 29. taman. 30. kori. 31. kêpatihan. 32. pangulon. 33. pangrèh praja. 34. jaksa. 35. gladhag. 36. kadipatèn.

Para abdi dalêm ingkang kagolong mantri anèm.

1. pangrèh praja asistèn wadana. 2. bêkêl nèm punakawan. 3. bêkêl nèm kadipatèn. 4. prajurit. 5. kêparak kiwa para lurah para bêkêl. 6. gêdhong kiwa para lurah para bêkêl. 7. kêparak têngên para lurah para bêkêl. 8. gêdhong têngên para lurah para bêkêl. 9. jawi kiwa para bêkêl. 10. jawi têngên para bêkêl. 11. maosan. 12. taman. 13. kori. 14. kêpatihan. 15. pangulon. 16. pangrèh praja, mantri kabupatèn, mantri tôndha pamicis. 17. jaksa. 18. kadipatèn.

Para abdi dalêm ingkang pangkat bayaran

1. Punakawan bêdhaya. 2. punakawan gêdhong kadipatèn. 3. punakawan silir sapanunggilanipun. 4. punakawan kadipatèn. 5. prajurit. 6. kêparak kiwa. 7. gêdhong kiwa. 8. kêparak têngên. 9. gêdhong têngên. 10. sitisèwu. 11. maos inggal. 12. pangumping. 13. bumija. 14. maosan. 15. taman. 16. kori. 17. kêpatihan. 18. pangulon. 19. gladhag. 20. kadipatèn. Tamat.

Radèn Mas Dirjasubrata, Kêtandhan-Klathèn.

[Iklan]

Sêsorah Ing Radhio Saking Bale Pustaka

Benjing ing dintên Ngahad sontên tanggal 27 Marêt 1938, wanci jam 1/2 8 dumugi jam 8, Bale Pustaka ngawontênakên sêsorah ing radhio Nirom 2 golflengte 190, ing bab: Pengarang, penerbit dan pembaca; ingkang mêdhar sabda tuwan Armijn Pane.

--- [364] ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan Jêrman kalihan Ostênrik.

Lêbêtipun wadya Jêrman dhatêng Ostênrik kenging dipun wastani tanpa sambekala, saha lajêng katingal manunggilipun, wiwit punika tugu-tugu watêsipun Jêrman kalihan Ostênrik lajêng dipun bucali, kanthi dipun sumêrêpi ing tiyang kathah.

[Grafik]

Gambar nginggil, Schuschnigg, Bon Kansêlir Ostênrik ingkang sampun lèrèh. Ngandhap: Sang Hitler ingkang nyêpêng pusaraning praja Jêrman tuwin Ostênrik

Wangsulipun Sang Hitler saking Wènên numpak motor mabur ginarubyuk ing motor mabur pambucal bom sagolongan, samargi-margi pinahargya kanthi raos sakalangkung gambira. Sadumuginipun ing Berlijn, ing papan anggêgana dipun papag ing tiyang pintên-pintên èwu, ing ngriku lajêng dipun bagèkakên dening Veldmaarschalk Goering, kanthi sêsorah ingkang suraosipun angluhurakên, salajêngipun Goering masrahakên panguwaos dhatêng Sang Hitler ingkang kasampirakên ing salêbêtipun Sang Hitler dhatêng Ostênrik, salajêngipun dipun sambêt wêdhar sabdanipun Dr. Goebbels ingkang suraos anglairakên gênging kabingahan, minôngka wêwakiling rakyat yutan ingkang wontên ing ngriku.

Kasambadaning sêdya punika, Jêrman anglairakên panrimah dhatêng Itali, rumaos bilih anggèning mêmitran pinanggih langkung supêkêt tinimbang ingkang sampun. Ingkang makatên wau, tumraping Jêrman ugi gêntos malês manawi wontên dêdamêlipun.

Kawontênan ing bab manunggilipun Jêrman kalihan Ostênrik punika, sanadyan nyatanipun Jêrman narajang prajanjian, nanging pinanggihipun têntrêm kemawon. Namung tumraping praja-praja sanès sami orêg, kêpêksa tumut ngraosakên tuwin ngawontênakên pamanahan ingkang langkung wigatos. Dene wigatosing pamanahan wau botên sanès namung ngudi supados tindakipun Jêrman ngêmungna samantên kemawon, sampun kêlajêng-lajêng. Nanging saupami Jêrman [Jêr...]

--- 365 ---

[...man] kêlajêng-lajêng badhe ngêlar dhatêng Tsjecho Slovakije, punika badhe wontên tandangipun nagari sanès, kados ta Ruslan sampun sanggêm badhe ambiyantu kintun wadyabala dhatêng Tsjecho Slovakije mêdal Polên kanthi mêksa, malah tumrap Inggris tuwin Prancis inggih botên purun kantun.

Kasamaraning nagari-nagari sanès wau, botên jalaran saking kasantosaning wadya Jêrman kemawon, ugi nyamarakên jalaran saking Tsjecho Slovakije punika kathah bangsanipun Jêrman, tamtunipun saupami Jêrman ngêlar mriku badhe anggadhahi daya panggèndèng ingkang tuwuh saking kabangsan. Makatên ugi tumrap ubat-ubêding lêlampahan, nagari-nagari sanès wau ugi nyamarakên dhatêng supêkêtipun Jêrman kalihan Itali. Dene kasamaran wau kawawas saking anggèning daya Itali malêbêt dhatêng Sêpanyol, môngka kêtitik wadya Itali ing Sêpanyol tansah pinanggih unggul, saha botên sande Sêpanyol badhe dados praja Pasis, inggih punika golonganipun Sang Mussolini, lajêng gêgandhengan kalihan Jendral Franco. Ing ngriku tamtu andadosakên kasantosanipun Itali, awit lajêng mumbul panggêsanganipun, dening ing Sêpanyol isi pêpêlikan môncawarni. Wusana pinanggihipun, sêgêripun Itali, inggih atêgês sêgêripun Jêrman.

Ingkang makatên wau tumrapipun Prancis kêpêksa badhe nyantosani bètèng-bètèng wontên ing watês sisih kidul, dene pabarisanipun badhe kapêcah dados kalih, ing sisih êlèr kangge anjagi Jêrman, tuwin ing sisih kidul kangge anjagi Sêpanyol inggih Itali.

Tumrapipun Inggris ugi tansah nyamarakên dhatêng tindakipun Itali, tuwin Inggris ugi tansah arekadaya badhe rêrêmbagan kalihan Itali, nanging anggèning rekadaya wau katingal botên wontên dayanipun. Môngka kasamaranipun Inggris dhatêng Itali ing wêkdal punika saya sangêt, inggih punika nyamarakên kêrêbatipun panguwaos ing Laut Têngah, awit mênggahing dêdamêl, ing wêkdal punika Inggris dèrèng jangkêp sadhiyanipun, dados saupami Itali tumindak sêrêng, sagêd mikantuki sangêt. Ebahing kawontênan sadaya wau, botên sanès saking kêtumusan manunggilipun Jêrman kalihan Ostênrik, tuwin gêgayutanipun Jêrman kalihan Itali ing wêkdal punika.

Ing sapunika sarêng Inggris sumêrêp tandangipun Jêrman ingkang kados makatên punika lajêng ngawontênakên kêkêncêngan ingkang tumuju dhatêng nagari sanès, inggih punika 1. Inggris botên sagêd namung badhe ngèndêlakên kemawon dhatêng tindaking nagari ingkang badhe dados sêsêkaring pêrang ing Eropah. 2. Bab makatên wau Inggris kêpêksa badhe angêmori damêl dhatêng nagari ingkang pasulayan. 3. Malah sagêd ugi Inggris kêpêksa ambiyantu dêdamêl dhatêng satunggiling nagari ingkang dados umpaning nagari ingkang andhêsêg.

Makatên ugi tumrap Ruslan, sarêng wontên lêlampahan kados makatên punika lajêng mêpêk wadyabala cacah 500.000 kapurih pacakbaris wontên watês Polên. Wadya samantên wau badhe kabantokakên dhatêng Tsjecho Slovakije, bilih samôngsa-môngsa Jêrman malêbêt mriku. Kados makatên tuwuhing ramèn-ramèn ing Eropah.

--- 366 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Pakualaman 125 Taun.

I.

Garèng: Idug, idug, tobat, tobat, tobat, Inalilahi wa ina…

Petruk : Sêtop, iki gênahe apa wong gumun, apa wong eram, nanging bok aja disaranani dongane wong mati mêngkono.

Garèng : Prêlune kowe bèn eling, Truk, brêgasa, gagaha, sugiha, lan pintêra dikaya ngapa, ora wurung iya dipêndhêm, mulane aja gêmaib, aja kumalungkung, lan aja pêthunthungan. Ora, Truk, kowe manganggo langênarjan kumplit, nganggo kêrmis barang, gênah-gênahe kuwi apa lorodan Pakualaman.

[Grafik]

Petruk : iya, Kang Garèng, mula iya nyata aku mêntas andhèrèk mahargya adêging praja Pakualaman ganêp 125 taun. Sanajan ulihku wis lagi dina Sêbtu kang kapungkur, ewasamono barêng aku krungu yèn kowe arêp mrene, aku banjur enggal-enggal dandan kaya ngene kiyi manèh, Kang Garèng, awit wong durung mantêp rasane atiku yèn durung kok sawang. Mara, sawangên saiki aku, Kang Garèng, mêncorong apa ora.

Garèng : Mula iya nyata, Truk, kowe katon mêncorong prasaksat kaya soroting… jlupak.

Petruk : Wèh, ha iya, ambalêrêt ane. Ora, Kang Garèng, sanyatane mono anggonku dandan mêngkene kiyi mung miturut dhawuh, dadi iya ora golèk gagah, ora golèk brêgas, utawa iya ora golèk manis, mung supaya bisa andhèrèk mahargya kang ora nyêbal pranatan. Dene ana wong wêruh panganggoku mêngkene iki, banjur kêlair têmbunge: wah, dawa, lo, kuwi wajibku mung muni alhamdulillah. Kala samono, Kang Garèng, kurang sacêplik bae aku mèh diarani bangsane… bupati.

Garèng : Lha, kuwi nèk uwong, lagi olèh angin sathithik bae, iya banjur kontan gêmbelengan salègêr mustakane. Wong ingatase Petruk bae, tanpa atêr-atêr tanpa pênambang, lagi macak kaya mangkono bae, rumasane [rumasa...]

--- 367 ---

[...ne] kurang sacêplik diarani bangsane bupati. Sing kanggo pathokan saèmpêr karo bangsane bupati kuwi apa, lan sing diunèkake kurang sacêplik iki apane.

Petruk : Amrih cêthane, Kang Garèng, saiki tak dongèngi dhisik kaanane para tamu ing astana Pakualaman. Kang Garèng: yèn kowe andêlêng agêm-agêman, iya tumrape agêm-agêman bôngsa Jawa utawa bôngsa Walônda sing èdi pèni iya ana ing pasamuwan kono, lan yèn kowe arêp mêruhi bôngsa Jawa sing brêgas-brêgas, sing kèwês-kèwês, sing bagus-bagus lan sing gagah-gagah, iya ana ing pasamuwan Pakualaman kono. Agêm-agêmane bôngsa Walônda ora prêlu tak caritakake ing kene, sabab iki ora beda karo ana ing liya-liya panggonan, jalaran sanadyan ana ing astana Pakualaman pisan, ora beda karo ana ing kamarbolah ing Batawi upamane. Iya ana agêm-agêman nyonyah Walônda sing gêgêre ciluk,… bah, bah, bah, babarpisan. Sing prêlu tak caritakake ing kene mung agêm-agêmane para tamu Jawa, Kang Garèng, nanging iya agêm-agêmane para kakung bae dhisik. Iki rupa-rupa bangêt, ana sing agêm-agêmane cara militèr blêjêt, ana sing agêm-agêmane cara Walônda tulèn, ngagêm rok-rokan irêng.

Garèng : Mêngko, sik, Truk. Sing ngagêm cara militèr kuwi mêsthine iya para luhur Jawa sing padha kagungan pangkat, opsir-opsir kae, iki aku kêrêp wêruh, Truk, katone pancèn iya brêgas-brêgas, cakrak-cakrak, lan mêtèntèng-mêtèntèng. Ana sing ngagêm cara Walônda rok-rokan irêng kuwi bôngsa apa Truk, lan mungguh wujude apa iya brêgas-brêgas lan pantês.

Petruk : Sing padha ngagêm cara Walônda rok-rokan kuwi mêsthine iya bôngsa Jawa sing apangkat utawa sing sathekruk balanjane, awit agêm-agêman sing kaya ngono kuwi sasayahira rêgane. Dene wujude sing akèh-akèh mula iya katon brêgas-brêgas têmênan, awit sêmune bae wis padha kulina ngagêm-agêm sing kaya ngono kuwi. Sanadyan kowe aku pisan, yèn nganggo-anggo sing kaya ngono kuwi, tak tanggung, Kang Garèng, saka brêgase, mêsthi bisa kalakon… pangling sing momong.

Garèng : Ha iya, nèk kaya kowe kuwi, saupama nganggo sing kaya ngono, mêsthine iya kaya… kontul kêcêmplung ing wêdêlan. Banjur para priyayi Jawa liyane ngagêm kêpriye manèh.

Petruk : Saperangan gêdhe padha ngagêm atelah, Kang Garèng, iki nèk aku ngarani: jas cêkak kang ing burine rada cincing, dadi kêna dikêrisi utawa bêskap ngarêpe potongan jas.

Garèng : Hla, nèk iki aku kêrêp wêruh, Truk, mungguhing panêmuku, agêm-agêman sing kaya ngono kuwi, brêgase mono ora patia, nanging katone gandês, luwês, kèwês, lan dhèmês, apa manèh yèn banjur kanggo anggunungsari Purbalinggan, cêkake, por têmênan.

Petruk : Wiyah, kok banjur nyandhak wong tayuban. Banjur aja lali, Kang Garèng, sing padha ngagêm [nga...]

--- 368 ---

[...gêm] atelah mau, sawêruhku ora ana sing ngagêm cênela, sêpatu, dalasan gapyak bae iya ora, alias tanpa lèmèk. Kajaba saka iku, ana manèh sing ngagêm-agêm langênarjan kaya aku kiyi, Kang Garèng, sing akèh-akèh padha ngagêm sêpatu utawa cênela, Kang Garèng.

Garèng : Sing padha ngagêm sêpatu kuwi mêsthine ngagêm kaos putih…

Petruk : Wayah, kuwi rak anggon-anggonane wong sing sikile gudhigên banjur dipêrban kae. Agêm-agêmane kaos mêsthine iya irêng ta, Kang Garèng.

Garèng : Mêngko sik, Truk, aku kok rada kodhêng. Miturut kandhamu ing ngarêp, sing padha atela-atelanan mau sasumurupmu padha tanpa lèmèk, sing ngagêm Langênarjan padha sêpaton lan padha cênelan. Lo, iki apa pancèn ana: nowètu niyat ingsun.

Petruk : Yak, kok kaya arêp subuhan mêngkono, nanging aku iya ngrêti mungguh karêpmu. Pancèn ing kono mula iya ana karêpe, iya iku kanggo ambedak-bedakake pangkat luhur karo pangkat cilik. Sing ngagêm-agêm atela, kuwi jarene bôngsa wêdana, pênèwu, mantri lan sapadhane. Dene sing ngagêm langênarjan kuwi bangsane bupati munggah. Lo, kuwi jarene Kang Garèng.

Garèng : Toblas, toblas, mulane kowe banjur ngrumasani kaya bupati, sabab kowe manganggo cara langênarjan kuwi mau. Nanging kok banjur dilanjari unèn-unèn bupati kurang sacêplik. Nèk nyêkêl ngas, banjur ngiyat sanga, hla kuwi mèmpêr yèn diunèkake kurang sacêplik. Balik bupati kathik kurang sacêplik kuwi karêpmu kêpriye.

Petruk : Aku mau rak wis kôndha, sing padha ngagêm langênarjan kuwi umume yèn ora ngagêm sêpatu iya ngagêm cênela. Barêng aku, iya bênêr manganggo langênarjan kanthi kumplit, dadi iya nganggo kêris barang, nanging kok mêksa ora mêntala nganggo sêpatu utawa sêlop, alias sikile lagaran bae. Mara, apa ora kêna diunèkake kurang sacêplik anggone mèmpêr sang bupati.

Garèng : Sukur, sukur, dene kowe ora banjur mêndêm kêcubung, kuwatirku, dupèh kowe diparingi palilah andhèrèk mahargya, banjur jag-jagan. Sabab akèh bae wong sing diwènèhi ati, banjur ngrogoh rêmpêla, malah ngogrok-ogrok dhadha mênthoke pisan.

Petruk : Saakèh-akèhe uwong pancèn iya ana sing sok banjur mêndêm gadhung kuwi. Ana sing pasamuwan kono aku iya kêtêmu karo tilas kônca dhèk biyèn, aku karo dhèwèke kuwi biyèn iya mung kowe kowe aku aku bae. Nanging ing kala samono, sarèhne rok-rokan, iya banjur mêthongsot ana ing dhuwur bae, nganti ora kobêr nêmoni aku.

Garèng : Wayah, bokmanawa kagawa pangkate, ora kêna nêmoni wong cilik, ambok aja guru-guru andakwa sing ora-ora dhisik. Wis, saiki caritakna kaanane pasamuwan kono sing talêsih, lo, Truk.

--- [369] ---

[Iklan]

--- 370 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Residhèn Molukken. Miturut pawartos praja Tuwan H.J. Jansen, ingkang sapunika taksih wontên salêbêting pêrlop ing nagari Walandi, katêtêpakên dados residhèn ing Molukken.

[Grafik]

Tamu agung. Inginggil punika ngêwrat gambaripun Tuwan S.W.R.D. Bandaranaika, ministêr ing Ceylon, bangsa Indhu, ingkang dèrèng dangu dumugi tanah Jawi mêntas anjênêngi paargyan pèngêtan Australie jangkêp 150 taun wontên ing Sydney.

Pamulangan têtiyang bisu. Ing Wonosobo wontên bikakan pamulangan têtiyang bisu dening Dochters van Maria en Joseph. Zustêr kêkalih punika ugi sampun nate nyambut damêl wontên ing Doofstommen-Instituut ing Michielsgestel. Ingkang katampèn wontên ingriku botên mawi pilih bangsa. Sawarnining katrangan sagêd pitakèn dhatêng Overste Doofstommen-Instituut ing Wonosobo.

Tumindaking damêl niti barang kina. Ingajêng sampun nate kawartosakên bilih pakaryan babagan barang kina miji para neneman wêdalan A.M.S. afd. A. niti kawontênaning barang-barang kina. Ing wulan punika para neneman wau sampun wiwit tumindak ing damêl wontên ing papan-papan ingkang dipun têmtokakên. Barang-barang ingkang dipun priksa wau barang ingkang têtêp utawi ingkang sagêd ewah ingkang asli ing sadèrèngipun taun 1800. tumindaking damêl angsal pambiyantu saking pangrèh praja ingkang ambawahakên panggenaning barang ingkang dipun priksa, makatên ugi tumindaking palapuran ugi lumantar ngriku. Ing sadèrèngipun tumindak ing damêl kêdah sowan dhatêng pangagêng nagari ingkang ambawahakên rumiyin.

Panyuwunipun Mohammadiyah tumrap Ir. Soekarno. Ingajêng wontên panyuwunipun Mohammadiyah supados Ir. Soekarno kaparêngakên dados dirèktoring pamulangan têngahan Mohammadiyah ing Ngayogya. Bab punika sampun wontên dhawuhing parentah botên marêngakên.

Panularipun ama klapa. Panularipun ama klapa ingkang asli saking Ngayogya sampun dumugi ing Kêndalrêjo, bawah Kêdu. Klapa ingkang dipun pronggoli papahipun sampun wontên 140.000 uwit.

Mênado kawontênakên H.B.S. Jalaran saking adrênging panyuwun supados ing Mênado dipun wontêni H.B.S., ing sêmu panyuwun wau dipun parêngakên. Manawi kawontênanipun sampun nyêkapi, sagêd ugi kabikak wiwit benjing tanggal 1 Augustus ngajêng punika, katunggilakên kalihan pamulangan Mulo. Murid ingkang badhe malêbêt mriku kêdah examen rumiyin. Dados ing benjing tumrap para ingkang sami badhe sinau dhatêng H.B.S. botên pêrlu dhatêng tanah Jawi malih.

Pamulangan Luhur Dhoktêr. Katêtêpakên dados arts wêdalan Pamulangan Luhur Dhoktêr, R. Sumêru Purwoatmojo tuwin R.M. Abulkadir Mangkusubroto.

Tatanan tindak salingkuh. Pulisi ing Surabaya mêntas anggledhah griyanipun bangsa Arab ingkang kakintên nyêbarakên barang dagangan ingkang asli pêtêng. Panggenan ingkang dipun gledhah wau ngantos pintên-pintên panggenan, sami sagêd amanggihakên barang warni-warni. Sumêbaring barang-barang wau pancèn dipun tindakakên kanthi tatanan. Tumindakipun kanthi dipun biyantu ing baita saking Binongko, Selebes. Ing pulo ngriku punika sampun nate pinanggih kangge ngrimat rèk pêtêng kathah, dene aslinipun barang pêtêng wau saking Singapura. Salajêngipun sampun wontên tiyang tiga ingkang kêcêpêng. Malah salajêngipun wontên ingkang kêcêpêng malih tiyang sadasa, bangsa Arab, Tionghwa tuwin tiyang siti. Salajêngipun wontên pangintên bilih tatanan punika sampun anggadhahi babagan wontên ing Bêtawi, Cirêbon tuwin Sêmarang, lampahing pangintunipun barang mawi baita.

Ing Surakarta badhe wontên pamulangan luhur Islam. Wontên wartos, ing Surakarta wontên golongan Islam kanthi Dr. Satiman Wiryosanjoyo, gadhah sêdya badhe ngêdêgakên pamulangan luhur Islam. Ing sapunika sawêg ngawontênakên rancangan ingkang gêgayutan kalihan kêbêtahan wau.

Karaton Surakarta badhe angsal panduman saking arta salawe yuta. Miturut wartos karaton Surakarta badhe angsal urunan arta kathahipun f 52.000,- mêndhêt saking arta salawe yuta rupiyah. Arta samantên wau pêrlu kangge andandosi margi saking Surakarta dhatêng Madiun.

Pakêmpalan Zaakwaarnemers. Ing Purworêjo madêg pakêmpalan para juru ngêmbani prakawis (zaakwaarnemers). Pakêmpalan wau badhe gadhah atur dhatêng parentah supados kawontênakên tatanan panariking prabeya tumrap têtiyang ingkang nêdha pitulungan dipun êmbani prakawisipun.

Sêsêbutan Radèn Mas. Miturut dhawuh kêkancingan nagari Surakarta, tumrap panyuwunan sêsêbutan Radèn Mas, inggih punika tumrap para warèng, tumindakipun sami kemawon kalihan cara-caranipun nyuwun sêsêbutan Radèn.

Putrinipun B.K.P.H. Hadiwijoyo badhe bêksa dhatêng Medan. Wontên wartos bilih putrinipun B.K.P.H. Hadiwijoyo badhe bidhal dhatêng Medan nitih motor mabur. Mênggah wigatosipun badhe bêksa Indhu wontên ing pura Kasultanan Langkat, nyarêngi anggènipun badhe kagungan damêl mantu.

Panggaotan misaya ulam ing Banyuwangi. Panggaotan misaya ulam tuwin andamêl pindhang ing Banyuwangi pinanggih saya majêng. Ajênging panggaotan wau jalaran panumbasing sarêm sagêd angsal mirah. Pandamêling ulam kawadhahan ing blèg, ingajêng sabên dintênipun sagêd ngêdalakên satus, ing sapunika ngantos 2000 blèg.

--- 371 ---

Kawontênanipun ing Nieuw Guinea. Kawontênanipun panggêsangan ing Merauke tuwin Hollandia sarêng wontên awisan pados pêksi dewata lajêng pinanggih mundur. Tumrap kapuloan Aru tuwin Dobo, sarêng botên patos rame anggèning pados mutyara, tataning panggêsangan inggih suda.

Congres Ambtenaar Inlandsch Bestuur. Benjing tanggal 11 dumugi tanggal 18 April ngajêng punika, para Ambtenaar Inlandsch Bestuur badhe ngawontênakên congres manggèn ing Sêmarang. Ingriku ugi badhe dipun wontênakên sêsorah babagan paboyongan dening Tuwan A. Jonkers. Ing tanggal 16 kawontênakên darmawisata dhatêng karaton Ngayogyakarta, Sonobudoyo, Prambanan, tuwin Borobudhur. Ing tanggal 17 darmawisata dhatêng pajagalan gemeente tuwin waterloopkundig laboratorium ing Sêmarang.

Jêpan tumbas karèt. Miturut wartos, ing wêkdal punika Jêpan gadhah sêdya badhe mêwahi panumbasipun karèt dhatêng tanah ngriki, malah sapunika sampun katêtêpakên, panumbasipun karèt wau ngantos 5000 ton ing sabên wulanipun. Mênggah panumbasipun karèt Jêpan wau manawi kapetang saking panumbasipun karèt sadaya, wontên 40% piyambak.

Kintunan mrica saking Lampung. Miturut katrangan saking Centraal Kantoor voor de Statistiek, kintunan mrica saking Lampung ing wulan Februari 1938 pinanggih majêng. Ingkang kakintunakên mêdal ing Oosthaven, kajawi dhatêng Singapura, wontên 10.623 kg, awarni mircamrica. pêthak tuwin 1.055.313 kg mrica cêmêng. Saking Kota Agung ngintunakên 72.213 kg mrica cêmêng.

Nyantuni tanêman. Pabrik gêndhis Panggungrêjo, Jawi-Wetan, sampun dangu botên nanêm rosan, ing sapunika wontên ada-ada santun nanêm rosella, pasitèn ingkang dipun tanêmi wontên 250 bau. Pinanggihipun tanêman wau mikantuki, mila salajêngipun badhe njêmbarakên tanêman wau.

Durjana pêngpêngan kêcêpêng. Ing Surakarta mêntas wontên tiyang jalêr mangangge pantalon malêbêt ing toko mas lajêng badhe tumbas barang warni-warni rêgi f 1356,-. Nanging barang wau sarêng sampun dipun tampèni, tiyang ingkang tumbas wau lajêng ngêthungi pistul, saha lajêng oncad. Sarêng dipun lokakên lajêng malêbêt ing griyaning tiyang, badhe dhatêng radinan mêdal payon, wusana sampun dipun cêgad ing pulisi, kacêpêng, barang taksih jangkêp.

Kintunan badhe nikkel saking tanah ngriki. Kapal Kêdu sampun bidhal saking Makasar ambêkta badhe nikkel, badhe kabêkta dhatêng Jerman. Kintunan wau nandhakakên bilih pamelikipun angsal damêl.

Boyongan dhatêng Lampung. Miturut wartos benjing tanggal 29 wulan punika Kabupatèn Malang badhe ngintunakên têtiyang boyongan dhatêng Lampung. Miturut papriksan, sasampunipun katiti, têtiyang ingkang badhe boyongan wau wontên 110 kulawarga, isi 400 jiwa.

Ama klapa ing laladan Bêtawi. Miturut panitipriksa, ing laladan Jawi Kilèn punika awis kêtrajang ing ama ulêr klapa. Nanging ing sapunika ing bawah Bêtawi wontên tanêman klapa ingkang nama ulêr Brachartona tuwuh. Padhusunan ingkang kêtrajang wau ing bawah ondêr dhistrik Cêngkarèng, dhistrik Tangêrang, wit klapa ingkang kêtrajang wontên 900 wit. Salajêngipun sampun kawontênakên rêrigên nanggulangi ama wau.

Telefoon ingkang automatisch. Trumrap tanah ngriki sampun dangu nindakakên cobèn-cobèn migunakakên telefoon automatich, pinanggihipun marêmakên. Ing salajêngipun cobèn-cobèn wau badhe katêtêpakên kangge pêrluning pangrèh praja ing Jawi Kilèn. Tindak punika badhe sagêd pinanggih irid.

[Iklan]

NAGARI WALANDI.

Manggihakên kuburan kina. Burgermeester ing Breda Tuwan van Slobbe, suka sumêrêp dhatêng parêpatan gemeenteraad, bilih commissie ingkang rumiyin piniji niti kawontênanipun kuburan kina, ing sapunika sampun manggih wohipun, sagêd manggihakên saha kenging kapasthèkakên pakuburanipun Graaf Hendrik III van Nassau, Rene van Chalons, Prins van Oranje, Anna van Buren, garwanipun Prins Willem I van Oranje tuwin sanès-sanèsipun.

EROPA.

Paprangan ing Sapanyol. Miturut wartos saking Barcelona, ing papan ngriku mêntas dipun têmpuh sarana bom, wontên tiyang ingkang tiwas 600, nandhang tatu 1000. Sasampunipun punika dipun ambali malih katêmpuh saking gêgana, pêpêjah saha nandhang tatu langkung kathah. Vice Consul prancis nêmahi tiwas, Consul general Prancis, Pinet nandhang tatu.

ASIA.

Paprangan ing Tiongkok. Miturut wartos saking Hankow, ing salêbêtipun minggu kêpêngkêr, wadya Jêpan kalih golongan ingkang baris wontên margi sêpur antawising Peiping kalihan Hankow sagêd nyirnakakên wadya tuwin têtiyang ing Tiongkok cacah 200.000, tuwin nyirnakakên griya cacah 50.000. Nanging wadya Jêpan ugi manggih karisakan agêng.

Jêpan badhe damêl babagan anggêgana langkung agêng. Miturut wartos, Jêpan badhe damêl babagan anggêgana, ingkang agêng piyambak ing saindênging donya. Waragadipun badhe wontên 12.000.000 yen, kalêbêt ing rantaman waragad taun 1938, dununging papan anggêgana wau wontên sacêlakipun Yoto, botên têbih saking Tokio. Kintên-kintên badhe rampung wontên ing taun 1940. Papan-papan anggêgana ing sapunika jêmbaripun wontên 100 acres, dene papan anggêgana ingkang badhe dipun damêl punika jêmbaripun wontên 450 acres.

AFRIKA.

Olympiade 1940. Comite Olympiade International ing Mesir, nêtêpakên adêging Olympiade ing Tokio ing taun 1940, anduwa wêwatonipun Tiongkok.

Kaizer Haile Selassie ngêmohi rêmbagipun Italie. Miturut wartos, awit saking kajêngipun Italie, tilas Nata Ngabêsi Haile Selassie dipun aturi wangsul dhatêng Ngabêsi, supados marentah satunggiling laladan ingkang jêmbar kanthi panguwaos agêng kaayoman Italie tuwin angsal arta pitulungan ing dalêm sataun 10.000 pondstering. Bab punika Nata Ngabêsi botên anyanggêmi. Panarosipun Italie ingkang makatên wau tumrapipun Nata Ngabêsi anggèning botên purun nampèni, amargi dumuginipun sapunika têtiyang Ngabêsi takshtaksih. têrus nglawan. Ingkang makatên punika nyulayani kalihan kajênging rakyat ingriku anggèning taksih kêpengin mardika.

AMERIKA.

Angin agêng ing Amerika. Miturut wartos saking New York, ingriku mêntas dipun têmpuh ing angin agêng narajang pitung nagari ing sakidul kilèn Amerika Sarikat. Ing kitha Belleville wontên tiyang 7 ingkang tiwas, nandhang tatu 50 tuwin tiyang ingkang kecalan balegriya 400. Tilasing angin ingkang narajang ngriku katingal ngantos 30 km. Taksih kathah panggenan sanès-sanèsipun ingkang manggih karisakan.

--- 372 ---

Wêwaosan

VII Lêlampahanipun Mikalyapotok.

60

Sarêng sampun rampung pandamêlipun luwangan kuburan, ingkang sakalangkung wiyar tuwin lêbêt, pêthi agêng wau ingkang kalêbêtakên ing luwangan ngriku rumiyin tuwin layonipun Sang Miryah, sasampunipun Mikalya lajêng lumêbêt ing ngriku, kanthi ambêkta japit tuwin watang sangang iji tuwin sawarnining têtêdhan punapadene unjuk-unjukan ingkang sakintên anyêkapi kangge têdha tigang wulan dangunipun. Sasampunipun makatên, pêthi wau lajêng katutup, tuwin luwanganing kuburan kaurug siti.

Jalaran wontênipun kadadosan ingkang sampun kacariyosakên ing nginggil, ing papan ngriku lajêng wontên kuburan enggal, ingkang kenging kaupamèkakên kadosdene satunggiling pasêksèn bilih kawontênan ing donya punika botên wontên samubarang ingkang langgêng. Dene mênggah bedanipun kuburan-kuburan ingkang lami, kajawi kuburan enggal punika wiyar sangêt, ing ngriku wontên dhadhungipun ingkang tinangsulan kalihan ing salêbêting pêthi wau, sêsambêtan kalihan jam ing salah satunggiling gareja ing salêbêtipun kitha.

Wiwit siyang dumuginipun dalu Mikalya tansah linggih wontên ing sacakêtipun layoning semahipun. Sarêng dhawah ing têngah dalu, inggih punika ingkang kacariyosakên, wancinipun jim setan pri prayangan mêdal saking papan pandhêlikanipun, ing ngriku Mikalya dumadakan lajêng anggadhahi manah ajrih tuwin kuwatos. Amrih sagêdipun suda raosing manah kêmarasan wau Mikalya lajêng nyumêd lilin ingkang sagêd amadhangi sawatawis ing salêbêtipun pêthi ngriku. Sarêng kintên-kintên jam kalih wêlas dalu lêrês, lajêng wontên sawêr ing sadhasaring bumi anyakêti pêthi agêng wau. Pangêsêsipun sawêr sakalangkung sora lan anggêgirisi ngantos Mikalya kagèt saking anggènipun kèndêl anggagas-gagas sarta sumadhiya nêdya tumandang. Salajêngipun sawêr nuntên andilat balêbêt tosan ingkang angubêngi pêthi wau. Sanalika blêbêt wau lajêng bêjat saha pêthinipun mênga, sanalika punika sawêr lajêng lumêbêt ing pêthi. Sarêng sumêrêp prajurit ingkang lênggah wontên sacêlaking layon, sawêr katingal bingah sangêt saha lajêng wicantên makatên:

Hla dalah, bêngi iki aku olèh mêmangsan kang enak bangêt. Ing kene aku ora ngêmungake nêmu mêmangsan bangkene wong wadon, uga nêmu wong urip.

Sasampunipun cariyos makatên, sawêr lajêng nyêmbur-nyêmbur ngêdalakên latu, mênggah pikajênganipun supados daya latu wau, sagêda matêngakên manusa ingkang taksih gêsang punika, ingkang lajêng kenging kamôngsa sanalika. Ing sakawit Mikalya kraos ajrih, nanging botên watawis dangu kêkêndêlanipun lajêng pulih malih. Piyambakipun lajêng enggal-enggal nyandhak japitipun tosan, ingkang kangge anjapit êndhasing sawêr. Sarana watang tosan, badaning sawêr lajêng dipun gêbagi sakiyatipun. Anggènipun anggêbagi ngantos nêlasakên watang tosan tiga, nanging pun sawêr babak kemawon botên, malah badanipun Mikalya lajêng kagubêt kêncêng. Mikalya lajêng nyandhak watang timbêl, ingkang ugi lajêng kangge anggêbagi sawêr. Watang timbêttimbêl. tigang iji ajur sadaya, ewasamantên sawêripun mêksa botên barang-barang. Tujunipun êndhasipun sawêr tansah dipun japit kêncêng, saupami botêna, Mikalya tamtu sampun pêjah dening kaklêthak ing sawêr wau. Pungkasanipun Mikalya lajêng nyandhak watang têmbaga, yasanipun para pandhe bôngsa ngulami, ingkang pandamêlipun watang wau sarana japa môntra. Sarêng watang punika kadhawahakên ing badanipun sawêr, sanalika sawêr botên gadhah daya malih, sarana angarih-arih pun sawêr lajêng wicantên dhatêng Mikalya makatên: O, satriya, mugi panjênêngan sampun amêjahi dhatêng kula, manawi panjênêngan krêsa anggêsangi kula, ing mangke panjênêngan kula aturi jimat awarni toya, ingkang sagêd adamêl waluya kados ing wingi uni dhatêng garwa panjênêngan ingkang sampun seda punika.

Nanging Mikalya botên pitados dhatêng têmbungipun sawêr wau, sarta lajêng wicantên makatên:

He, ula rêrêgêding donya, kowe iku pancèn julig, nanging aku ora pitaya mênyang gunêmmu iki mau babar pisan, yèn caritamu ora goroh, mara salah siji anakmu undangên mrene, minôngka pandadaran nyata utawa orane kandhamu mau.

Sawêr wau lajêng ngêsês sora sangêt, lan botên watawis dangu lajêng wontên sawêr alit dhatêng ing ngriku. Mikalya sanalika ngêculakên sawêr agêng wau, ingkang lajêng enggal-enggal nalosor nuju dhatêng sagantên prêlu mêndhêt toya panggêsangan ingkang kajanjèkakên ing nginggil. Badhe kasambêtan.

__________

Isinipun: Balapan Baita, - Tas Wadhah Prabot Dhoktêr - Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Têdhak Dhatêng Palembang, - Makarya, - Kawontênan Sarta Kamajênganing Nagari Sarta Karaton Dalêm Ngayogyakarta Adiningrat, - Kawontênan Ing Tiongkok, - Praja Pakualaman 125 Taun - Kabar Warni-Warni, - Wêwaosan, - Jagading Wanita.

--- 45 ---

Nomêr 12, 23 Marêt 1938, taun III

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Rêbo.

Mêgatruh.

Sambêtipun Jagading Wanita, Kajawèn Nomêr 22.

Lamun cuwa aja kawistarèng sêmu / ing laire dèn sêngadi / kalamun condhong satuhu / supaya katon guyubi / iku aran bisa momong //

Lamun mutung ywa andlarung kongsi liwung / mundhak pêtêng jroning ati / kuwuring tyas wimbuh bingung / wêkasan kaduwung wuri / sôngga uwang dhêlog-dhêlog //

Lamun nêpsu aja katon anèng sêmu / candhêtên sajroning ati / mamrih tan ana kang wêruh / supaya kalis ing liring / iku aran bisa ngêmot //

Lamun susah dèn tuwajuh jroning kalbu / aywa pisan angrêrintih / anggrêsah kang tanpa dunung / mundhak muwuhi kang sêdhih / bêcik pasrah mring Hyang Manon //

Lamun gêtun kaduwung ywa banjur jêtung / eklasna ing lair batin / jêr aran barang kabanjur / luwih bêcik angelingi / tindak kang bakal linakon //

Lamun suka ywa katara tindak-tanduk / prayoga kang rèrèh ririh / myang ywa kawistarèng sêmu / murih datan dèn èncêpi / mring liyan kang ora cocog //

Lamun sênêng dèn antêng ywa kongsi gadhuh / mundhak ingewanan janmi / winastanan ngaji pupung / pikolèhe nandur sêrik / ora wurung mnundhak satron //

Aywa sugal wangkal wangkot miwah lêngus / sêrik ingatasing èstri / mundhak ingaran wong cubluk / tan wêruh ing bênêr sisip / prasasat kadi wong bento //

Aywa mingkuh yèn binobot ing pakewuh / tumindaka kang mrantasi / duga prayoga dèn emut / kaprayitnan aywa kari / iku aran ngatos-atos //

Ywa kumini kumintêr sabarang kayun / yèn tan bangkit angrampungi / pikolèhe gawe masgul / wirang isin kang tinampi / ngilangkên piandêling wong //

Ywa kumingsun dupèh sira uwus punjul / mumpuni sabarang kalir / banjur nglangak pindhanipun / rumasa tan ana janmi / tan wurung manggih pakewoh //

Titi tutup pan jinugag ingkang kidung / mugi paringa aksami / ngèngêti kithaling têmbung / tan isin dipun èsêmi / mila namung môngsa borong //

Bok S.W.

--- 46 ---

Prêluning Jêjodhoan.

Kamajêngan donya punika, wiwit kina-makinanipun ngantos sapriki, sayêktosipun andamêl kawontênan warni-warni, sarta tataran manut jamanipun, makatên ugi bab jêjodhoan botên kantun, ugi warni-warni mênggah tatacara tuwin tumindakipun. Ing ngriki botên prêlu kula têrangakên panjang-panjang, jêr para maos sampun sami priksa., upaminipun, jêjodhoan cara modhèrên, inggih punika nyara bôngsa kilenan ngangge têtêpangan (verloof) rumiyin. Wontên ugi ingkang taksih nyara kina, tanpa kataros, manut punapa ingkang dados pamilihing (pikajênganipun) para sêpuh kemawon. Punika sadaya botên badhe kula rêmbag ing Jagading Wanita ngriki, mênggah bakuning pikajêngan kula, namung mêndhêt saprêlunipun kemawon, inggih punika prêluning jêjodhoan. Sanajan tatacara tuwin tumindakipun warni-warni, tamtu botên badhe oncat saking baku, inggih punika prêlunipun, awit sadaya tindak punika mêsthi wontên pamrih utawi paedahipun.

Sampun dados pikajênging alam, bilih satunggal-tunggaling pangawak, ambêtahakên dhatêng gêsang bêbrayan, makatên ugi badan jasmani (wadhag) tuwin rukani (alus) inggih kêmpal. Mênggah kêmpaling badan jasmani kalayan rukani punika anukulakên (ngawontênakên) hawa napsu (pikajêng). Ing môngka wujudipun jumbuh ing (kêmpalipun) badan jasmani kalihan rukani botên sanès inggih wujuding tiyang gêsang punika. Saha tiyang gêsang punika wontên kalih awak-awakan. Satunggal pangawak jalêr, satunggalipun pangawak èstri, ingkang kalih-kalihipun gadhah pikajêng gêsang bêbrayan, cêthanipun bêtah dhatêng jêjodhoan.

Wondene mênggah bakunipun, prêluning jêjodhoan, kados ingkang kasêbut ing ngandhap punika:

1. Anjagi ing satunggal-tunggaling awak-awakan, sampun ngantos anindakakên lampah ingkang botên prayogi.

2. Andhapuk babadan alit ingkang prêlu nata dhatêng saening bale griya ingkang sarana dhêdhasar katrêsnaning gêsang bêbrayan.

3. Ngawontênakên turun (andhêdhêr wiji) ingkang badhe nyambêti.

Dados cêtha, manawi wontên tiyang gêsang bêbrayan, ing môngka salah satunggalipun nindakakên ingkang nyulayani bakuning prêlu, ingkang kasêbut ing nginggil, punika lajêng kalayan gampil kula wastani botên nêtêpi prêluning jêjodhoan, punika tumrap kangge kula. Dene manawi tumraping sanès, namung kula sumanggakakên.

Biyang Sadala, Kabongan.

--- 47 ---

Bab Olah-olah.

Bothok

Mêtir ingkang cêkapan sêpuhipun kaoncekana kaangkah isinipun watawis 1 cangkir, nuntên kagodhog, amaruda klapa ingkang ênèm 1 gluntung, lombok ijêm 10 iji kakêthok cêkapan, gêrèh têri kabucal êndhasipun. Bumbunipun: brambang, bawang, sarêm, kêncur sakêdhik nuntên kaulêg lêmbat, mêtir ingkang kagodhog wau lajêng kaêntas kacampur kalihan klapa saha bumbu wau, lajêng dipun wungkusi, sabên sawungkus mawi salam salêmbar, nuntên kalangsêng samatêngipun.

[Grafik]

Rara Sutinah.

Trancam

Mêtir cêkapan kaarah isinipun, kèpèk karajang ingkang lêmbat, slèdri, timun ugi karajang. Bumbunipun: bawang, kêncur, gêndhis, lombok abrit kabucal isinipun, sarêm, sadaya kaulêg lêmbat, nuntên kacampur kalihan parudan kalapa, nuntên kacampurana brambang ingkang karajang tipis.

Kula: Sutinah, Cililin-Bandhung.

Bècèk Menda.

Bumbu bècèk punika sami kemawon lan bumbu gule, namung kaot sawatawis, inggih punika yèn bumbu bècèk, mawi parudan kalapa sêpuh dipun gorèng tanpa lisah, lajêng dipun pipis alus tuwin tanpa lombok, ulamipun tanpa dipun kêlèti, namung kakêrok ingkang rêsik. Dados kakatutakên sakulitipun. Bècèk punika kêdah kênthêl ngantos litrêk-litrêk pindha pindhang, mila kalêbêt ing basa wangsalan: pindhang lulang=kacèk apa. Pangêmuning raos lêgi kêdah kaangkah namung mônda-mônda kemawon.

Opor Bèbèk

Ulam bèbèk sasampunipun kapanggang ngantos sêmu abrit sumringah, lajêng ngracika bumbu: sarêm, traos, brambang, bawang, tumbar jintên, salam laos, crême utawi blimbing wuluh, lajêng kacaruba lan parudan kalapa sumantên. Panggangan bèbèk kapotheng-pothenga (kacuwilana agêng-agêng) satunggal-tunggaling pothengan kapopoka ing bumbu kêpara kandêl angêmplèk, ulamipun sampun ngantos katingal, lajêng dipun êpèsana, nuntên kaêdanga, lajêng kagarang ing sangan, ngandhap nginggil pes-pesan kalambarana godhong pisang, ing nginggil katindhihana sela utawi barang sanèsipun ingkang awrat (opor ayam: botên susah mawi kapanggang rumiyin).

Opor punika awarni kalih, ingkang sawarni nama [na...]

--- 48 ---

[...ma] opor kêring, inggih kados ingkang sampun cinêtha wau, ingkang satunggalipun warni malih nama opor têlês, bumbunipun sami, namung parudanipun kalapa kêdah dipun dadosakên santên, lan kêdah kêndêl dhatêng santên (kathah) kajawi ulam bèbèk, botên susah mawi dipun panggang, dados manawi ulam ayam cêkap namung lajêng kagodhog ing wajan lan santên ingkang sampun dipun bumboni. Panggodhogipun kêdah ingkang ngantos umob marambah-rambah, bilih duduh wau sampun kantun nyêmêk-nyêmêk kemawon, punika pratôndha yèn sampun tanak. Opor têlês botên susah mawi crême utawi blimbing wuluh.

Nyai Pranata.

Sinjang Lung-kêstlop.

Sinjang lung-kêstlop punika bangsaning cêplok, wontên latar cêmêngipun, wontên latar pêthakipun. Golongan sinjang luwêsan dipun agêm priyantun kakung tuwin putri pantês kemawon. Kangge pameran kenging, kangge padintênan botên ngêgètakên.

Tumrap jodhonaning pangangge dipun mori punapa kemawon purun, upami dipun ênggèni rasukan dhêdhasar pêthak (tumrap putri) sagêd malela dening wontên latar cêmêngipun. Manawi dipun ênggèni rasukan dhêdhasar cêmêng, katingal cêthaning latar pêthakipun. Sinjang lung-kêstlop punika kêgolong sinjang alusan. Dumugining masêmipun, manawi dipun agêm padintênan golongan putri, ngatingalakên prasajanipun.

Nama lung-kêstlop punika angèl anggènipun anêgêsi, asli saking punapa. Wontên ingkang cariyos, mênggah lêrêsing namanipun: lung-kêstop, mêndhêt saking sêtop (Stof) basa Walandi. Ingkang dipun tulad mêndhêt saking sêkaraning renda.

[Grafik]

Namung tumraping sinjang kados makatên punika limrahipun namung dipun rêmêni ing priyantun Surakarta piyambak, tumrap wontên sajawining Surakarta, bangsaning cêplok punika botên dipun rêmêni, amargi dipun wastani sinjang ingkang botên wontên sumêblakipun.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [373] ---

Ôngka 25, Stu Kli, 24 Sura, Jimawal 1869, 26 Marêt 1938, Taun XIII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt -Têdhak Dalêm Ingkang Wicaksana wontên ing Palembang - Gapura Wêtuning Êluh - Kawontênan ing Tiongkok - Têntrêm Salêbêting Griya - Pajagèn Bêbaya ing Gagana - Praja Pakualaman 125 Taun - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Kajênging jaman edan sapanunggilanipun (Kalatidha)

Ucap-ucapan jaman edan punika sampun limrah sangêt, Dene ungêl-ungêlan jaman edan wau tumrapipun bôngsa Jawi, asli pêndhêtan saking Sêrat Kalatidha, anggitanipun suwargi Radèn Ngabèi Rônggawarsita, pujôngga ing Surakarta. Wêtahing ungêl-ungêlan makatên:

Amênangi jaman edan / ewuh-aya ing pambudi / milu edan nora tahan / yèn tan milu anglakoni / yêkti tan antuk melik / kalirên wêkasanipun / dilalah karsa Allah / bêgja-bêgjane kang lali / luwih bêgja kang eling lawan waspada //

Kados-kados suraos ing nginggil punika sampun cêtha, namung panyuraos wau beda-beda ingkang dipun pêlêngakên kajêngipun, sawênèh wontên ingkang ngugêmi makatên: layang Kalatidha wis mratelakake, ing saiki: iki, jaman edan, dadi kang ora milu edan bakal cilaka, bakal kalirên. Dene ingkang kangge gambaran, mêndhêt satunggal kemawon, saupami wontên tiyang nyambutdamêl gadhah tindak salingkuh, punika dipun anggêp ngambah jaman edan, pinanggihipun malah bêgja, sagêd kêcêkapan ing gêsangipun. Ing ngriku tumrap tiyang sanèsipun ingkang tunggil padamêlan, badhe tumut botên tahan, manawi botên tumut badhe kojur. Wusana lajêng nuwuhakên pêpunton, aluwung milu edan bae pisan, wong pancèn jamane.

Manawi ngèngêti kajênging jaman ing ngriku wau, tumrap ingkang nglampahi tamtu mantêp sangêt, ngrumaosi sampun anglênggahi jamanipun. Nanging manawi dipun manah yêktos, kados-kados mênggahing jaman, inggih kala jaman punapa kemawon, edanipun tamtu wontên, dados botên nganyar-anyari, tuwin edaning jaman punika botên wontên ing tindak salingkuh kemawon.

Ing sapunika prayogi ngèngêti sêsambêtaning ungêl-ungêlan: bêgja-bêgjane kang lali, luwih bêgja kang eling lawan waspada. Punika mênggah cêthaning ukara bokmanawi: bêgja-bêgjane (wong) kang lali (iku), (isih) luwih bêgja (wong) kang eling lawan waspada. Ingkang dipun kurung punika wêwahanipun.

Kados ing sapunika sampun cêtha, bilih ngambah jaman edan wau botên lêrês, dene sumêrêpipun nyata makatên, prayogi nyinau eling tuwin waspada rumiyin.

Cêkruktruna.

--- [374] ---

[Grafik]

Ing ngriki ngêwrat gambar dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana nuju têdhak dhatêng pakaryan lisah pèt B.P.M. ing Plaju punapadene pakaryan lisah pèt N.K.P.M. ing Sungèi Gêrong. Têdhak dalêm ing kalih panggenan wau mawi kawontênakên pahargyan warni-warni.

Ing nginggil punika gambar-gambar sêsawangan dununging pakaryan lisah pèt kêkalih kasêbut nginggil, dipun sawang saking lèpèn Musi. Sisih têngên: Gambar dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana kalihan Tuwan Elliot jumênêng wontên salah satunggiling manara pangêburan lisah pèt ing Sungèi Gêrong. Gambar ngandhap: pipa ingkang gathuk kalihan tuking lisah, wusana lisah wau nyêmprot santêr. Gambar sisih têngênipun panggenan awisaning bêbaya lisah.

--- 375 ---

Gapura Wêtuning Êluh

[Pangkur]

Panambak brangtaning driya / wit karoban sambat sêbuting rabi / ribêng rinubung ing butuh / ribêt rasèng wardaya / paranbaya babo ubayaning kalbu / ewuh-aya marganira / pambirat urubing sêdhih //

brêbêl kumêmbêng kang waspa / kang sinêbut mung sabara kang ati / bawaning wus sarwa bingung / rinubung ing kaloban / yèn tinimbang bot sih samubarang laku / kèrêm korub kang gumêbyar / kasêmpyok ombaking urip //

jèjèri ajuning jaman / kajantaka kêcêmplung jroning jaring / kêcêgur jro jurang sirung / kadayan kamajuan / jiwa raga lir rinujit ajur-mumur / tuju tancêping panjôngka / gojag-gajêg balenjani //

sanglir trajuning panjangkah / kanggêg mangu jomplang janjining urip / ruji rajêging tumuwuh / gingsir gonjing katunjang / dening jaman ngajak urip mubra-mubru / butuh tambah sabên dina / kapraban obahing wanci //

bêgja êmbah buyut sira / kang wus bali dadi lêbuning bumi / tan blêrêng gêbyaring wujud / kang biyèn mung ginambar / jroning nendra ngimpi wruh kang adiluhung / kang ing mangkya wus binabar / sumêbar têbaning bumi //

êmbah buyut wêlingira / kang ing biyèn lir tumbal tambak brangti / jêbul wus mlêbu museum / tan bangkit malbèng jaman / amung kêna kanggo nimba banyu sumur / kang bêning mênêb sumilak / ing jaman kang wus kawuri //

yèn ta layar nunggang palwa / nèng rêrawan raras atirta wêning / satang wêlah trima lowung / tan gawe marasing tyas / wit kagawa suwung rubedaning laku / gampang ewuh mung linawan / pawitan narimèng pasthi //

beda mangkya nèng samodra / tanpa timbang têba lubèring warih / warata wiyar ngalangut / lumembak kang udaya / yayah ngayuh ing awiyat kanang alun / gumulung gung mawalikan / lir kinêbur jalanidhi //

[Iklan]

sèwu ewuh nora kaya / yèn rinasa pancèn angèl wong urip / kang kèlu mring jaman maju / wit kudu sarwa rowa / toging prana mung rêkasa rasèng kalbu / tansah sambat kêkurangan / jinèrèng-jèrèng tan dadi //

pituwase sêsrawungan / wuwuh kawruh wêwênganing pambudi / adêging jiwangga bakuh / mung bae katiwasan / adhakane katuwan tangguh atuwuh / uripira dipun laras / lan piwulang kang dèn tampi //

kaduk kumandêl ing driya / kumudyarsa niru kang guru jati / nadyan jatining pamêtu / tinimbang prajanira / tansah bot sih jêr ukuraning pamêtu / pancèn mung urip prasaja / yèku urip cara Jawi //

marma adêging

--- 376 ---

jiwangga / kudu jêjêg tan gonjing wruh ing warni / rêrêngganing rat linarut / ing cipta dèn sarônta / aywa gêtêr gita tumonton ing wujud / kabèh iku mung pangrasa / owah gingsir tan lêstari //

lamis pêpulasing gêlar / kang rinuruh mrih laras lawan wanci / kalingane lir lêlumut / lamun sêpi ing tirta / tanpa daya mung sajake sri kadulu / nyatane garing angarang / rêkasa rasaning ati //1

nora beda blônja Jawa / kang jinèrèng kanggo urisurip. Walandi / tan maido sajakipun / kaya iya-iyaa / amung bae kawruhana batinipun / sambate sundhul ngakasa / tansah kurang sabên ari //

marma kang nora sêmbada / dèn sarônta ywa kaduk rasèng ati / mèri marang caking pandum / rêngên ta kawruhana / kang nèng wisma loji radhione ngungkung / motor sedhan modhèl enggal / linadenan para abdi //

durung pasthi batinira / sapa ngreti iku marganing sêdhih / gapura wêtuning êluh / sabên patining tanggal / kadya nguwot ogal-agil rasèng kalbu / dene akèh wragadira / wong garang gagah ing urip //

mèsêma dhuh mirah ingwang / nyawang jaba galo dulunên yayi / lah dalah blêduge mabul / tobat-tobat wong mlampah / sambatira iki wong kang tan wêruh dur / sajak motor uwis poldhan / gene nunggak têlung sasi //

radhione ura-ura / ngura gita rêrêpèn tambak brangti / dhuh lae dhuh caping gunung / yèn peyok lo bêndara / ngingu kula botên beda kalih wayuh / wêdhak pupur bisanira / tan gêlêm anambutkardi //

[Iklan]

Teja Susastra

--- 377 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Tiongkok

Pinanggihipun ing paprangan ing wêkdal punika, Jêpan tansah kêsêsêr, kathah panggenan ingkang sampun dhawah ing Jêpan sagêd kêrêbat dening Tiongkok malih. Miturut wartos, wontên wadya Jêpan cacah 10.000 ing Lunsih dipun kêpung ing wadya Tiongkok, saha lajêng dipun têmpuh sesarêngan dening wadya Tiongkok wau, wadya Jêpan ingkang tiwas tuwin kêtaton ngantos ewon, malah golonganing wadya Jêpan wau sami kecalan têtindhih, wusana kêpêksa sami angunduri dhatêng Suhsin, wadya Tiongkok têrus ngêlut lampahing mêngsah.

Ungguling wadya Tiongkok, kajawi sagêd ngèngsêrakên mêngsah, ugi angsal jarahan dêdamêl kathah sangêt, ing ngriku wadya Tiongkok saya mapan gêlaripun pêrang. Kajawi wadya dharatan, ugi wontên golongan wadya gagana nêmpuh margi sepur Tinsin dhatêng Puko, kathah oto dêdamêl mriyêm Jêpan tuwin oto lapis waja sami rêmuk, têtiyangipun mawut pating salêbar. Ing ngriku wontên motor mabur Jêpan kêkalih nalabung, lajêng campuh kalihan motor mabur Tiongkok, kawêkasanipun motor mabur Jêpan kumaleyang dhawah ing siti.

Jêpan tansah ngrekadaya sagêdipun malês mêngsah, lajêng nêmpuh ngêbomi Tungkwan (Sansi sisih kilèn), nanging pikantukipun botên sapintêna, amargi ing margi-margi sêpur antawising Tungkwan tuwin Senko tansah dipun barisi sakalangkung santosa. Salajêngipun wadya Tiongkok sagêd ngangsêg saha mapan wontên gapuraning kitha ingkang sampun karêgêm ing Jêpan. Jalaran saking gêlaripun Tiongkok ing sapunika, kathah panggenan ingkang kenging dipun rêbat malih.

Tindakipun Tiongkok ingkang kados makatên wau lajêng saya nuwuhakên kanêpsonipun Jêpan, lajêng ngawontênakên campuhan sakalangkung rame ing Tèngsin, kitha wau tansah dados rêrêbatan gêntos ingkang nguwaosi. Sarêng têtela kêncêng dhawah panguwaos Tiongkok, Jêpan ngêtog karosan ngambali ngrêbat malih, nanging sarèhning barisanipun wadya Tiongkok langkung santosa, wadya Jêpan kêpêksa mundur.

Salajêngipun Jêpan angsal bêbantu wadya kathah sangêt, karosanipun pulih, mila campuhipun lajêng langkung rame. Pêpêjah tumrap golongan Tiongkok kathah, nanging wadya Tiongkok kêncêng, sanadyan ngantosa lêbur pisan, botên badhe ngêculakên kitha Tèngsin.

Gêlaring paprangan ingkang dipun tindakakên dening Jêpan ingkang kados makatên wau, ugi lajêng ngewahi gêlaripun Tiongkok, ngangkah sagêda nalabung saking sanès panggenan. Salajêngipun tansah gêntos nyantuni gêlar, mila pinanggih sakalangkung rame.

Mirid sampun danguning paprangan, pinanggih saya sudaning wadya ingkang sami paprangan, nanging nyatanipun botên makatên, tumrap Jêpan inggih tansah angsal bêbantu, [bê...]

--- 378 ---

[...bantu,] ingkang dhatêngipun anggili tanpa kêndhat. Dene tumrap Tiongkok, sarêng paprangan saya dangu, pangudi ajênging wadya pêndhêtan saking têtiyang tani tuwin sanès-sanèsipun saya majêng. Ingkang dados pangajênging wadya golongan punika Kolonèl Siyangyuwan, pangirupipun dhatêng golongan tani saya agêng, mila kawontêningkawontênaning. wadya Tiongkok pinanggih tansah mindhak-mindhak. Kajawi punika wontên golonganing wanita pangajaran ingkang sêtya praja sami malêbêt dados saradhadhu, malêbêtipun wau sarana pilihan, mila sanadyan wanita tandangipun botên beda kalihan para jalêr.

[Grafik]

Wêwakil Tiongkok tuwin nagari ngamônca, nalika pêpanggihan wontên nagari Walandi.

Tandanging wadya Tiongkok ing sapunika pinanggih beda sangêt kalihan ing sadèrèngipun wontên paprangan Tiongkok kalihan Jêpan. Manawi kala rumiyin, caraning panêmpuhipun wadya Tiongkok punika asring pinanggih slura-sluru. Nanging ing sapunika sarêng campuh kalihan Jêpan punika, gêlaring paprangan saya majêng, saya ingkang pinanggih ing wêkdal punika, gêlaripun Tiongkok tansah mikantuki.

Saya sarêng tuwuh paprangan ing Sansi punika, ing ngriku katingal bilih tandangipun wadya Tiongkok botên kenging dipun gêgampil. Mirid tumindaking gêlar ingkang dipun tindakakên dening Marsêkalêk Syangkaisèk, tumrap paprangan ing Sansi wau lajêng ngawontênakên lampah kawan bragada, prêlu kangge nyêgah supados Jêpan sampun ngantos anglangkungi lèpèn Howangho, tuwin sagêda mêdhotakên margi sêpur Lunghai. Tumrap wadya Sansi supados ngangsêg ajênging wadya Jêpan, kadamêl tigang golongan. Wadya ing sisih wetan dipun tindhihi dening Jendral Cutèh tuwin Jendral Pèngtèhui, kêdah ngangsêg saking kidul wetaning Sansi ngênêr mangalèr dhatêng Siciwang. Wadya pusêr dipun tindhihi dening Jendral Weilihuwan, kêdah ngangsêg mangalèr, urut margi sêpur saking Tatung dhatêng Puko, prêlu nêmpuh dhatêng Taiyuwan, wadya ingkang saking sisih kilèn dipun pangagêngi dening Jendral Pucoyi tuwin Holung, kêdah ngangsêg mangetan, prêlu nêmpuh Sinsin, tuwin taksih wontên sanès-sanèsipun malih.

Tindakipun Tiongkok ingkang kados makatên wau adamêl bingungipun Jêpan, rumaos kêdhêsêk saking pundi-pundi. Inggih jalaran saking wontêning tangkêp gêlar ingkang kados makatên wau ingkang sagêd ngawontênakên ewahing paprangan.

--- 379 ---

Kawruh Sawatawis

Têntrêm salêbêting griya.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 22

Saking sangêtipun kasêngsêm ing kabingahan, ewa dhatêng sêpining griyanipun, andadosakên genjahipun, genjahipun punika nuntun dhatêng pangêbrèh, ingkang nyuda dhatêng kawilujênganipun, wasana andadosakên kaduwungipun.

[Iklan]

Wontên malih wêwinih sirnaning kasênêngan salêbêting griya, langkung saking ingkang kasêbut wau, inggih punika ewa dhatêng agami. Manusa salaminipun manahipun taksih kadunungan kèngêtan dhatêng agami, botên sagêd dhumawah ing karisakan. Yêktosipun wontên, tiyang salêbêting griya yèn kirang têntrêmipun, amasthi kirang agaminipun, dados saraking agami kêndhih dening pratingkah nistha, wajibipun dhatêng sasamining tumitah kêndhih dening pangôngsa-ôngsa mikolèhakên badanipun piyambak, yèn nandhang papa, pitadosipun dhatêng Gusti Allah kêndhih dhatêng prihatosipun, sihipun dhatêng Gusti Allah kêndhih dening kasêngsêmipun dhatêng kamuktèn, lan dhumatêng kumalungkungipun, tuwin dhatêng rêmên nyênyampahi. Yèn nêdya nglêstantunakên têntrêm utawi mêmulih jênjêmipun salêbêting griya, ahlinipun kaataga èngêt dhatêng agami, panjênêngan ambukanana nglampahi agami, ingkang kalawan sarèh, sarta dadosa tuladhanipun ahli tuwin abdi-abdinipun sadaya, nyukanana pratandhaning sih, supados sami malês asih, purihên ngambah margining kautamèn, lan icalna ewanipun, dados ing griya kadunungan agami. Yèn manah kaêrèh ing agami, amêsthi têbih saking pabên lan congkrah, lan têbih saking jail, punapa malih pamrih ingkang makolèhakên badanipun piyambak. Namung salêbêting griya botên sagêd kadunungan têntrêm, yèn sêpên saking pangrêngkuh sae, ingkang kawêdal ing pangucap, lan lair saking pratingkah. Wontêning pa-

--- 380 ---

[Grafik]

Sêwawangan gêdhong-gêdhong ing tanah parêdèn ing Vorarlberg, laladan nagari Ostênrik, ingkang sampun kasumêrêpan dening para andon lêlana saking nagari ngamônca.

bên ing salêbêting griya, ngadat mêdal saking kiranging pangrêngkuh sae, punika sababipun, milanipun kathah tiyang salakirabi, ingkang wiwitanipun sami trêsna saèstu, wêkasanipun botên rêmên sarta pabên. Waunipun sangêt anggènipun sami botên raos-rumaos, punika ingkang nyupèkakên subasitanipun, lan saening pangrêngkuhipun. Wusana saruning panganggêp anyirnakakên pangrêngkuh sae, prakawis rèmèh andadosakên jalaraning pêpisahan. Wontên ing pasamuwan, utawi piyambakan, prayogi nandukakên pangrêngkuh sae, awit panganggêp saru, nyirnakakên têntrêm salêbêting griya sarta adamêl tatuning manah, ingkang dangu mantunipun.

R. Moenandar, Gombong.

Pawartos Rêdhaksi

Tuwan Sala. Karangan bab Ambraastha Wuta Sastra, botên kapacak, punika mapanipun kapacak ing ariwarti.

K. 3348 ing Ampênan. Karangan Panjênêngan punika kalêbêt sampun kalimrah, tuwin bab Bayalali, ing Kajawèn sampun nate macak.

Tuwan M. ing Têrnate, sêrat panjênêngan punika sampun kasèp, botên kapacak.

K. 3546 ing Rêmbang. Kajawèn botên ngawontênakên pambantu ingkang têtêp, nanging nampèni sawarnining panjurung ingkang sae.

--- 381 ---

Pajagèn Bêbaya ing Gagana

Sambêtipun Kajawèn nomêr 22.

Motor Mabur (vliegmachine).

Pirantos pêrang ingkang kangge nlabung mêngsah sawingkinging pabaratan pêrang punika motor mabur. Mênggah warninipun kenging kaperang dados tiga. Kapisan Jagers punika motor mabur alit, kalampahakên tiyang satunggal, mawi dêdamêl sanjata mêsin agêng (mitrailleur) satunggal utawi kalih. Kajawi punika ugi sagêd ambêkta bom sawatawis. Motor mabur punika gampil dipun wolak-walik lampahipun, prasaksat pêksi sikatan. Pigunanipun kangge ambujêng lan pêrang ulêt kalihan motor mabur mêngsah. Pramila motor mabur Jagers kapacak kangge anjagi nagari lan ugi dados colokipun Bommenwerpers ingkang kaajêngakên ing paprangan.

[Grafik]

Satunggal eskadrilêyagêr 16 iji.

Bomenwèrpêr sagantên.

Bomenwèrpêr dharatan.

Bomenwèrpêr Inggris ambêkta: 1 torpedho wawrat 650 kg. 6 bom alit wawrat 340 kg.

Kaping kalih motor mabur Bommenwerpers. Namanipun sampun anêrangakên manawi motor mabur punika pirantos kangge anyêbar bom. Racakipun motor mabur punika agêng, isi tiyang kalih, ngantos nêm iji. Dêdamêlipun mitrailleur mêpaki keblat lan sagêd nyanjata mangandhap lan manginggil. Tumrap ingkang wêdalan enggal wontên ingkang kaisenan mriyêm alit. Kêlimrahanipun sagêd ambêkta bom ngantos 1000 kg awratipun. Mênggah têbaning jajahan ngantos 1000 km. Dados saking Bêtawi kirang langkung sagêd ngêbom kitha Banyuwangi. Rikatipun mabur kangge motor mabur dharatan ngantos 500 km satunggal jam. Kangge motor mabur ing sagantên watervliegtuig 320 km. Rikating aburipun wau saya dangu saya mindhak, ugi mindhak têbaning jajahan lan kathahing momotanipun bom.

Kaping tiganipun motor mabur Verkenners. Verkennen atêgês madik. Dados motor mabur punika kangge ningali jajahan lampahing mêngsah, ingkang kangge Verkenners punika limrahipun Bommenwerpers. Wadhah-wahahipun bom dipun kirangi. Sudaning awratipun bom, kangge mêwahi pambêktaning bènsin, kabêtahaning punggawa lan pirantos radhio.

Kangge pola, sêrat-sêrat kabar martosakên [martosakê...]

--- 382 ---

[...n] manawi kêkiyatanipun barisan motor mabur Inggris ing taun 1938 wontên 123 eskadrilles. Satunggal eskadrille cacahipun ngantos 16 motor mabur. Kabage 68 eskadrille bommenwerpers, 30 eskadrille jagers lan 15 eskadrille verkenners.

Ing nginggil punika tumrapipun ing Eropah, sanès malih tumrap wontên ing jajahan.

Luchtverdediging (panulakipun bêbaya saking awang-awang)

Panulakipun bêbaya saking gagana punika padamêlanipun para militèr. Makatên wau prayogi kula têrangakên sakêdhik ing ngriki.

Ingkang badhe kajagi militèr tamtu nagari-nagari ingkang agêng, ingkang dados papan padununganipun pangagêng-pangagêng praja lan militèr, kitha palabuhan, pabrik-pabrik pirantos pêrang lan kabêtahan sanès-sanèsipun ingkang agêng. Kitha alit lan padhusunan botên badhe sagêd kajagi.

Ing sakubênging panggenan ingkang kajagi, militèr macak punggawanipun ingkang madik dhatêngipun motor mabur mêngsah. Panggenan punika namanipun Waarnemerpost. Pos punika dipun sadhiyani pirantos kangge mirêngakên suwaraning motor mabur, kèkêr lan tilpun utawi radhio kangge suka kabar. Manawi motor mabur ing dalêm 10 mênit sagêd mlampah kirang langkung 50 km, dados têmtu kemawon waarnemerpost wau anggèning pacak baris botên wontên cakêt sajawining kitha kemawon, sagêd ugi wontên ing kitha sanès.

Kaping kalih, ing sajawining kitha kawontênakên vliegvelden (papan anggagana motor mabur) kangge dununging Jagers.

[Iklan]

Kaping tiga, ing panggenan ingkang kapilih dipun sukani mriyêm-mriyêm lan mitrailleurs kangge nyanjata motor mabur mêngsah. Kajawi punika panggenan wau ugi dipun sadhiyani sèntêr kangge nyorot ing wêkdal dalu.

Kaping sakawan, ing nginggil kitha dipun panjêri balon. Balon-balon wau dipun ugêr mawi kawat waja ingkang sagêd dipun sêtrum èlèktris.

Para sarjana ing Inggris ngabarakên, manawi ing sanginggilipun Londhon dipun panjêri balon, kirang langkung 600 motor mabur botên badhe sagêd langkung ing sanginggil kitha kanthi wilujêng. Balon-balon wau inggilipun namung 3000 m, makatêna sampun nyêkapi, awit motor mabur ingkang aburipun langkung saking 3000 m, gampil dipun arah dhawahipun mawi mriyêm. Ing wêkdal dalu lan manawi nuju mêndhung balon-balon mèh botên katingal, rêkaos sagêdipun kasumêrêpan ing mêngsah. Punika sadaya ihtiyar kangge mangsulakên motor mabur mêngsah ingkang sampun katindakakên.

R. Pringgadiharja,

Leider Gasdienst.

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Praja Pakualaman 125 taun.

II.

Petruk : Kang Garèng, nalika aku nômpa parentah saka daokeku kadhawuhan makili Bale Pustaka andhèrèk mahargya adêging Praja Pakualaman ganêp 125 taun, kuwi sanalika atiku: nat, nut, nit, nat, nut, nit, not, not, not.

Garèng : Wayah, anggambar kêtêging ati kathik kaya wong anggêndèr.

Petruk : Kiyi saka ciliking atiku, Kang Garèng, awit aku rumasa, wis wong cilik, kathik rada ngoyod ana ing Batawi, têmtune adat tatacarane Jawa akèh pêrlope, ing môngka ana ing pasamuwan ing Pakualaman kono, mêsthine bakal sêsrawungan karo para luhur sing ngudubilahi, têgêse para luhur sing mêncit-mêncit kae, gèk kêpriye anggonku arêp mapanake awakku, lan gèk kêpriye mlêbuku ing astana Pakualaman, apa iya ora cêthithang-cêthithing.

Garèng : Ambok cara sing akèh-akèh kaya para nonoman jaman saiki bae, yaiku para nonoman sing padha olèh pangajaran kulonan, lan sing ngrumasani wis katam nyang adat tatacara kulonan, lo kuwi sing akèh-akèh - ora kabèh, lo - cêkêlane: aku pintêr, aku wani, aku pêng-pêngan. Mulane atine banjur mantêp, wusanane mlêbua nyang ngêndi bae iya ora clila-clili, nanging gagah, mêtèntèng lan brêgas bae.

Petruk : Bênêr, Kang Garèng, anggêre sêmbada bae. Awit tumrape jaman saiki dunya Jawa kuwi wis akèh ngapurane. Mung bae aku kiyi wong isih rumasa wong Jawa dêlês, lan wawasane wong Jawa kuwi sok anèh-anèh, nèk kêtêmu wong kang lagi kapisanan, kok banjur ngrasani: kae wong kok andêmênakake, wah iki sawijining pangalêmbana kang wis katog têmênan. Awit ing sajêrone: andêmênakake mau isi: wong kang idhêp tata, andhap-asor, pintêr, lan êmbuh apa manèh. Mulane ukurane wong Jawa sing diunèkake: wong utama kuwi, durung karuwan sabab bisa cara Lônda, lan sakolahane mêncit, nanging patrape. Wong aku kêrêp bae mrangguli wong, pangajarane mono saka dhuwure iya mèh samalaekat, ewasamono akèh bae sing ngarani: wong ... kurang ajar. Iki ora liya iya saka kurang patrape mau. Sabab ngrumangsani: aku pintêr cara Lônda, aku wani, aku pêng-pêngan, wusanane kasusilane dionslah wani bae. Hla, sing kaya ngono kuwi mau saolèh-olèh tak jaga bangêt, Kang Garèng. Aku rumasa: pangajaranaku kuwi mogol, adat tatacara Jawaku, sabab wis kêsuwèn, manggon ana ing Bêtawi, têmtune akèh kithale. Supaya patrapku iki aja pati nyêngklak bangêt, mulane sadurunge pangkat mênyang Ngayoja, aku ambuwang layang loro, Kang Garèng, sing siji

--- 384 ---

konjuk marang pêpatih dalêm Pakualaman, prêlu nyuwun katêrangan, bisane aku andhèrèk mahargya ing pasamuan ing Pakualaman, wajibku kudu manganggo sing kêpriye. Layang kang nomêr loro konjuk ing prayagung, sêsêpuhe ing Pakualaman kono. Dene isining layang kang ôngka loro iki, cêkak aos, aku munjuk barès: abdalêm punika sangêt cilaka calili, punapa kaparêng abdalêm tut wingking tindak dalêm ngadhêp ing astana Pakualaman.

[Grafik]

Garèng : Wèh, hla wong sêmbrana ane, têmtune barêng ana ing kana, anggêre prayagung mau cinaosan sugatan sampahnyê upamane, kowe iya banjur jowal-jawil karo matur mangkene: abdalêm wontên ngriki ...

Petruk : Wayah, kathik dianggêp kayadene wong sing kêlalèn ora melu diundang kêndurèn, banjur dheham-dhèhèm ana ing ngarêp omahe wong sing duwe hajat kêndurèn mau. Karo manèh bab prakara sugatan, Kang Garèng, pranatane ing kono rajin bangêt, kowe ora prêlu jowal-jawil karo tanggamu, mêsthi olèh bagian. Awit ing kono carane kêna diarani: sama rasah, sama ratah têmênan. Ora prêduli prayagung, wong cilik, bôngsa ningrat, utawa Pak Krama bae, anggêr jênêng tamu iya pinaringan sugatan, tur ora dibedak-bedakake. Tuwan gupêrnur ngunjuk sampanyê, aku iya ngunjuk sampanyê. Mung bedane, ngunjuke tuwan gupêrnur mêsthine kanthi kêpenak bae, sabab wis kulina, barêng aku nganggo tak saranani: cêngir-cêngir ...

Garèng : Tur sauwise nganggo rada kliyêng-kliyêng. Ora maido, Truk, awit kulinamu ngombe ... lêgèn. Saiki kêpriye layangmu karo pisan mau, apa iya pinaringan wangsulan.

Petruk : Dhinês, Kang Garèng, layang pêparinge pêpatih dalêm Pakualaman andhawuhake, yèn aku dikaparêngake nganggo langênarjan, mulane ana ing pasamuan kono, kaya sing wis tak kandhakake ing ngarêp, kurang sacêplik bae aku mèh kaya bupati. Saka prayagung, sêsêpuh Pakualaman mau, aku uga pinaringan wangsulan panjang lebar, kang isine cêkak aos: panjênêngane rêna bangêt panggalihe, dene aku arêp ambarêngi tindake, lan panjênêngane ngarêp-arêp bangêt têkaku ing Ngayoja, malah aku kadhawuhan nginêp ing dalême. Gêdhening atiku lan bungahku samêrwata êmbah, Kang Garèng.

Garèng : Wiyah, ambok mêrwatasuta mêngkono, [mêngko...]

--- 385 ---

[...no,] kathik mêrwata êmbah, kuwi cara ngêndi ...

Petruk : Nèk gêdhene mung sagumuk durung mantêp kanggo anggambarake gêdhening ati lan bungahku. Wiwit aku wis pinaringan layang loro mau, rasaning atiku sing: nat, nut, nit, mau, wis ilang babarpisan, nanging malah banjur malih: mantêp, têtêp, krêkêp.

Garèng : Apa wong rangkulan kathik nganggo mak krêkêp ...

Petruk : Yak, ambok aja nyanthulani wong omong bae. Iki saka gêdhening atiku, nganti pikiran bisa krêkêp gumolong dadi siji, kang anjalari ora anduwèni kêkuwatiran apa-apa. Bab anggonku tata-tata pangkatku, golèk silihan jas langênarjan, kêris barang kuwi, ora prêlu tak andharake ana ing kene. Cêkak aos, dina Kêmis tanggal 17 Marêt, sarana nunggang sêpur kilat, saka ing Batawi aku pangkat nyang Ngayoja. Tumêkane ing Ngayoja, aku ngaso sadhela ana ing pondhokan, barêng jam 6 sore prêsis, aku wis ngadhêp ana ing dalême prayagung kang arêp tak dhèrèki mau. Wis mêsthi bae panganggoku iya wis miturut artikêl, Kang Garèng, lan jam sêtêgah pitu thèng, kanthi andhèrèk prayagung mau, aku wis ana ing pêndhapa astana Pakualaman.

Garèng : Banjur ana ing kono kowe kalakon calila-calili apa ora, Truk.

Petruk : Saka pangèstumu rada ora, Kang Garèng, saperangan gêdhe iya jalaran saka paringe pitulungan prayagung sing tak dhèrèki mau. Malah aku rada mêthèngkrèng sawatara, Kang Garèng. Mungguh têrange iki mangkene: Nalikane aku têkan ing Pandhapa Pakualaman mau, ing kono wis akèh bangêt tamune, kakung putri, Walônda Jawa lan Tionghwa, sing akèh bôngsa luhur sapupu têkuk kae, utawa bôngsa ... sugih dhuwit, kang padha nuju nyang paringgitan prêlu arêp ngunjukake kasugêngan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Suryadilaga sarta ibu dalêm, ora prêlu tak caritakake yèn ing kala samono brêgasku rumasa dibêsinêh 75%, nganti mèh bae tuwuh manèh clila-cliliku. Ing batinku: aku iki gèk kêpriye, apa iya kudu mèlu-mèlu ngunjukake kasugêngan dalêm, mèlu-mèlu bêbarêngan lumaku karo para luhur-para luhur kae, mêngko ana ing satêngahe dalan gèk ... sêmaput aku. Tujune ana prayagung sing tak dhèrèki mau, kang banjur nêpungake aku nyang pêpatih dalêm, yaiku: Kangjêng Pangeran Arya Suryaatmaja. Lan prayagung iki krêsa nglarapake sowanku nyang ngrêsa dalêm sampeyan dalêm kangjêng gusti, nganti aku bisa abên ajêng karo sampeyan dalêm. Wah, mantêp aku, Kang Garèng, sanadyan ana ing kono aku kapêksa banjur mung palingak-palinguk bae. Ewasamono aku wajib matur sèwu sêmbah nuwun marang prayagung loro, ya prayagung sing tak dhèrèki, lan prayagung sing wis kaparêng nglarapake sowanku nyang ngarsa dalêm sampeyan dalêm mau. Ajaa rak kalakon aku cêmima-cêmimi têmênan. Liya dina tak caritakake kaanane ing pasamuwan kono, Kang Garèng.

--- 386 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Pamulangan damêl barang grabah. Pamulangan damêl barang grabah ing Bandhung nampèni murid enggal 30, dene para murid ingkang sampun lulus sami katanjakakên dhatêng dhusun-dhusun, supados sami mêncarakên kasagêdanipun.

Para sudagar sêkar sami ngawontênakên paguyuban. Para sudagar sêkar ing Sindanglaya sami sarêmbag ngawontênakên paguyuban nyatunggalakên damêl, amargi sampun kathah kêtatalanipun sami nandhang kapitunan saking botên dipun bayar rêgining sêkar ingkang dipun sade dhatêng sudagar kilak sêkar, artanipun ngantos ewon rupiyah. Ing salajêngipun caraning pangintun badhe lumantar kantor ingkang kawontênakên, tumindaking damêl sanès-sanèsipun sadaya lêlantaran kantor wau.

Kajêng bantalan ril. Ing sabên taun kathah kintunan kajêng kangge bantalan ril dhatêng nagari Walandi, Tiongkok tuwin Jêpan, nanging kajêng wau sanès asli saking tanah ngriki. Ing sapunika tanah ngriki nêdya ngawontênakên cobèn-cobèn ngintunakên kajêng kangge bantalan ril nama kajêng ruwing, kajêng wau wêdalan ing Borneo tuwin Sumatra. Ing sapunika sampun miwiti damêl balok makatên wau 1000 kangge nagari Walandi. Wontên sawatawis ingkang kapriksa badhe kangge dhatêng Tiongkok.

Pamulangan luhur Dokter. Lulus artsexamen perangan kapisan, tuwan Satiawan. Katêtêpakên dados arts, tuwan-tuwan M. M. Dunda tuwin Pouw Houw Tjiang.

Mampir ningali tentoonstelling ing Amerika. Tuwan Schimmel, hoofdamtenaar ing Departement van Economische Zaken ingkang nuju verlof dhatêng nagari Walandi, badhe mampir ningali tentoonstelling donya ing Amerika, amargi ing tentoonstelling ngriku wontên barang-barang saking tanah ngriki.

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Têngah, M. Kartomo Soerohadidjojo, Aib. Nindakakên padamêlan mantri pulisi ing Têmanggung, dados asistèn wêdana paresidhenan Banyumas. M. Harsono Sastrohadikoesoemo, Aib. Nindakakên padamêlan mantri algemeene politie ing Sêmarang, dados asistèn wêdana paresidhenan Japara-Rêmbang. Tuwan Roestam, Aib. Nindakakên padamêlan mantri pulisi ing Sumpyuh, dados mantri kabupatèn Purwokêrto, paresidhenan Banyumas.

Kasangsaran ingkang ngêrês-êrêsi. Sêpur kilat dalu ingkang lumampah saking Bêtawi dhatêng Surabaya, nalika lampahipun dumugi sawetan station Nganjuk, wanci jam 5.30 enjing mlindhês tiyang 5 sakulawarga. 1 tiyang èstri umur-umuran 35 taun, sanès-sanèsipun lare umur-umuran 16, 12, 6 tuwin 4 taun. Tiyang ingkang 3 sami tiwas sanalika, ingkang 2 gêsang, nanging botên sagêd suka katrangan punapa-punapa. Têtiyang wau dèrèng kasumêrêpan aslinipun saking pundi. Dene sababipun kêplindhês wau kintên-kintên jalaran saking mlampah ing ril mêntas mandhap saking numpak sêpur enjing ingkang saking Kêrtosono dhatêng Madiun.

Dr. Soesilo manggih kasangsaran auto. Dr. Soesilo, inspecteur Pakaryan Kasarasan ing Sumatra Kidul, nalika numpak auto saking Lubuk Linggau dhatêng Benkulen, sarêng têbihing lampahipun wontên 15 km. saking Lubuk Linggau, autonipun kêcêmplung jurang, bêgja sangêt dene kêcêmplunging auto wau lajêng kasangsang wontên ing barongan dêling. Dr. Soesilo tuwin sopiripun wilujêng.

Noyani pasabinan laladan Kroya. Ing sapunika wontên wartos bilih sampun katêtêpakên badhe pandamêling pabrik mompa toya wontên sapinggiring lèpèn Sêrayu, satunggal manggèn ing Gambarsari, satunggalipun wontên ing Pasanggrahan. Pompan toya saking kalih panggenan punika badhe sagêd ngêlêbi pasabinan 28.000 bau, ingkang padatan pasabinan wau namung angsal toya jawah kemawon. Kintên-kintên badhe kêlampahan wontên salêbêtipun taun 1939.

Sultan ing Bulongan badhe dhatêng Eropa. Wontên wartos, panjênêngan Sultan ing Bulongan, Maulana Sulthan Mochammad Jalaloedin badhe têdhak dhatêng Eropa. Têdhakipun wontên ing wulan Mèi ngajêng punika. Mênggah wigatosipun, anggèning dhatêng Eropa wau kajawi pêrlu badhe njumênêngi paargyan jumênêngdalêm Nata sampun 40 taun, ugi pêrlu badhe mahamakên ing bab babagan têtanèn ing praja sanès. Sri Sultan punika kagungan kêbon karèt jêmbar sangêt.

Manggih êmas. Satunggiling tiyang ing ondêr dhistrik Kenaran, Ngayogya, ing nalika maculi kêbonipun amrangguli êmas prongkalan, kintên-kintên wawrat 1 kati. Êmas wau lajêng kabêkta dhatêng museum Sono Budoyo, rêginipun kataksir wontên f 1300.-.

Gemeentelijke Keurmeesters Bond Indonesia. Kawartosakên, Gemeentelijke Keurmeesters Bond Indonesia sampun kêlampahan ngadêg, panuntunipun Drs. H. Soebroto, panityanipun tuwan Lesiangi.

Darma Stichting. Dumuginipun sapunika, Priyayi Meisjesweeshuis Darma Stichting ing Sêmarang, pinanggih saya majêng, kathah pambiyantu saking golongan warni-warni. Ing salêbêtipun taun 1937 tampi darma f 1150.01. Arta samantên wau lajêng tumandaya kangge kabêtahan warni-warni, namung kantun tirah f 8.79. Lare-lare ingkang dipun upakara wontên ingriku 15, sami putraning priyantun, saha sami sinau wontên ing H.I.S. Ing sapunika sampun wontên ingkang gadhah panêdha nglêbêtakên lare cacah 14 sami putraning warandha priyantun. Darma Stichting punika kalêbêt dhatêng panggalihanipun para luhur Jawi Walandi tuwin sanès-sanèsipun saha sami kêparêng aparing darma. Ingkang dados pangagênging griya ngriku tanpa angsal pamêdal, namung lêlahanan kemawon. Tandhaning majêng, ing sabên taun angsal-angsalaning darma saya mindhak. Ing taun 1934 wontên f 452.52.-. Ing taun 1935 wontên f 899.35. Ing taun 1936 wontên f 860.78,5. Ing taun 1937 wontên f 1150.01. Tumrap ingkang paring darma, ing taun 1935 wontên 251 priyantun. 1936 335 piyantun tuwin 1937 wontên 438 priyantun.

Sêsakit pès ing tanah Jawi. Miturut pèngêtan, wiwit tanggal 1 dumugi tanggal 22 Januari kêpêngkêr, ing tanah Jawi wontên tiyang ingkang kêtrajang sakit pest 242 sami ngajal. Cacah samantên wau ingkang kathah ing Priangan. Ing Bêtawi tuwin Bogor namung wontên 4. Ing Surakarta tuwin Ngayogya botên wontên babarpisan.

Para sudagar wos sami parêpatan. Ing gêdhong Siang Hwee ing Bêtawi mêntas wontên parêpataning para sudagar wos, ingkang dipun jênêngi wêwakiling Departement van Economische Zaken. Ingkang karêmbag ingriku ing bab badhe ngawontênakên tatanan rêgining wos. Ingriku ngawontênakên wêwaton ngrêgèni wos ingkang andhap f 2.92 ing dalêm 100 kilo, tuwin wos sae f 3.24 ing dalêm 100 kilo. Wêwaton punika dipun mukatimupakati. ingakathah. Ing kala punika ingkang dhatêng para sudagar wos tuwin para ingkang sami anggadhahi panggilingan pantun, kirang langkung wontên tiyang 100.

Lyceum Gupermen ing Bandung. Jalaran saking saya kathahipun murid H.B.S. ing Bandung, sapunika katêtêpakên ngawontênakên Lyceum kawiwitan wontên ing tanggal 1 Augustus ngajêng punika.

--- 387 ---

[Iklan]

Babagan cooperatie dados wiraosaning golongan Islam. Wontên wartos Hoofdbestuur Muhammadiyah nyêbarakên sêrat tumuju dhatêng para ngulama Islam ing saindênging tanah ngriki, ingkang wosipun pitakèn ing bab tataning kaislaman gêgayutanipun kalihan bab amongdagang sapanunggilanipun. Tuwuhing pitakèn makatên wau, amargi rêndhêting lampah dagang tumrap têtiyang siti, botên jalaran saking bangsa Tionghwa, Eropa tuwin sanès-sanèsipun, ugi jalaran saking wontên lampah panyêgah ingkang katindakakên dening golongan Islam piyambak. Jalaran saking tindak makatên wau lajêng nuwuhakên pamanggih ingkang raos botên ngengingakên Islam tumindak amongdagang. Mila ing bab punika Muhammadiyah lajêng ngawontênakên ada-ada makatên punika, supados dados rêmbaging golongan Islam. Sampun ngantos wontên tindak adamêl pituna ingkang jalaran saking raos kêkolotan.

Sêsakit pantun ing bawah Bêtawi. Ing dhusun Jati, Pêkoyon, Têgalkunir, tuwin Mauk, sami laladan Bêtawi, kathah pasabinan ingkang kêtrajang ama ulêr ing salêbêting damèn, ingkang limrahipun dipun wastani ama bêluk. Ing bab punika lajêng dados papriksanipun ingkang wajib.

Ama pantun ing bawah Nganjuk. Ing bawah Nganjuk wontên tanêman pantun kirang langkung 3300 ha kêtrajang ama bangsaning tuma godhong.

Pawinihan pantun. Ing bawah Priyangan kawontênakên pawinihan pantun kalih panggenan inggih punika ing Slokan jêro tuwin ing Cijèngjèng, jêmbaripun wontên 3877 ha. Salajêngipun pawinihan kados makatên punika tumrap Jawi-Kilèn badhe dipun wontêni 14 panggenan. Dene waragadipun sadaya wontên f 68.000.- mêndhêt saking arta fonds 5 yuta rupiyah.

Paguyuban golongan bêrah bangsa Tionghwa. Ing Surabaya mêntas wontên parêpataning paguyuban bêrah bangsa Tionghwa, kathah ingkang sami dhatêng, klêmpakipun wontên gangsal-atusan tiyang. Paguyuban wau dipun namakakên Lo Tong Hwee. Ing sakawit wontên rêmbag, bilih ingriki botên pêrlu kawontênakên paguyuban kados makatên, amargi tamtu botên sagêd agêng. Ingriku lajêng wontên ingkang mangsuli, bilih agênging pakêmpalan punika kêdah saking sakêdhik. Salajêngipun ngawontênakên tatanan: 1 ngawontênakên fonds kangge mitulungi dhatêng warganipun ingkang kakèndêlan saking padamêlan, 2 ngawontênakên pitulungan manawi wontên warganipun ingkang sakit, 3 ngawontênakên wulangan sapanunggilanipun, 4 nyambutdamêl sêsarêngan, 5 ngawontênakên wêwakil minangka bêbadaning pakêmpalan, tuwin sanès-sanèsipun.

Ingsêr-ingsêran guru. Tuwan Minhar, Wd. Inl schoolopziener ing Rawakele, dados kêpala guru Vervolgschool ing Cilacap. Tuwan Hardjosepoetro, kêpala guru ing Vervorlgschool ing Jatisobo, dados kêpala guru ing Vervorlgschool ing Karanggayam, Kêbumèn.

Ariwarti enggal. Wontên wartos, wiwit benjing tanggal 1 April ngajêng punika ing Bandung wontên ariwarti enggal basa Mêlayu nama Brita Priangan. Ingkang dados directur tuwan Ali Ratman, hoofdredacteur tuwan Bakri Soeraatmadja.

Kaukum jalaran ngèmèhakên Bupati. Pangadilan Landraad ing Ngayogya mêntas mriksa prakawisipun dakwa nama Sowikromo, pangarsa P.K.N. pang ing Karangmunguk, dakwa wau kasêrêg jalaran ngrèmèhakên ingkang Bupati ing Wonosari, dipun wastani ngêndhêg arta pajêg. Dakwa kaukum kunjara 6 wulan.

NAGARI WALANDI

Panggaotan tênun ing Têgal. Miturut wartos saking Enschede, directeur panggaotan tênun ing Têgal mratelakakên, bilih ing bab ngantih punika wontênipun ing tanah Jawi dèrèng sagêd angsal pêkên. Bab tumindaking tênunan sanès-sanèsipun badhe sagêd tumindak yêktos wontên ing wêkasaning taun 1939. Sarèhning tumindaking cobèn-cobèn pinanggih sae, anggèning njêmbarakên prayogi kalajêngakên.

Hoofdkantoor Bata pindhah dhatêng Eindhoven. Miturut wartos, jalaran saking kawontênan, hoofdkantoor Bata ingkang wontên ing Eropa Tengah badhe kapindhah dhatêng Eindhoven, saha ing sapunika sampun numbas gêdhong pabrik sigarèt ingkang sampun suwung tuwin numbasi gêdhong sanès-sanèsipun.

Kêbêsmèn. Pabrik wacucal De Amstel kêbêsmi ngantos têlas-têlasan, wontên tiyang 160 sami kecalan padamêlan.

EROPA

Pêpèngêt saking Inggris. Parentah Inggris sampun kintun sêrat dhatêng jendral Franco, ing Sêpanyol, supados ngèndêli anggèning nêmpuh kitha-kitha saking gêgana, ingkang kitha-kitha wau botên angsal pangayoman. Malah sampun kêlampahan adamêl kalêpatan angèngingi consul Prancis, ngantos nêmahi tiwas.

Jerman kadakwa ambiyantu Sêpanyol. Wontên wartos, bilih Jerman sapunika ngintuni dêdamêl tuwin saradhadhu cacah 30.000 dhatêng Sêpanyol, punika nandhakakên bilih ing sapunika Jerman ngliyêr kuwajibanipun Italie. Wartos ingkang makatên wau lajêng nuwuhakên wiraosaning ngakathah.

Kawontênanipun Miklas tuwin Schuschnigg. Miturut wartos, tilas presiden Miklas ing Oostenrijk tuwin Bondskanselier Von Schuschnigg dèrèng têtêp badhe wontên ing pundi. Tumrap Schuschnigg kawartosakên botên niyat kesah saking salêbêting praja tuwin botên badhe ngunduri politiek.

ASIA.

Pasulayan ing Indhu. Ing Allahabad wontên bangsa Indhu golongan Indhu tuwin Islam pasulayan, ngantos campuh, wontên tiyang 2 ingkang tiwas tuwin 21 nandhang tatu. Ingriku lajêng kawontênakên pajagèn saradhadhu.

--- 388 ---

Wêwaosan

VII Lêlampahanipun Mikalya Potok.

61

Botên dangu sawêr dhatêng malih kanthi ambêkta toya panggêsangan, Mikalya ujug-ujug lajêng yandhak anak sawêr saha lajêng kasuwèk dados kalih. Sasampunipun sawêr lajêng katetesan toya bêktanipun êmbok sawêr wau, sanalika anak sawêr gêsang malih, saha lajêng lumajêng nilar papan ngriku. Nyumêrêpi lêlampahan ingkang makatên punika, Mikalya mangrêtos, bilih êmbok sawêr wau botên goroh. Amila inggih lajêng dipun luwari saking anggènipun nêdya kaukum wau. Salajêngipun Mikalya nuntên murugi layonipun ingkang èstri, nètèsi toya panggêsangan ing badanipun layon, sanalika pun layon katingal abrit, nandhakakên yèn rahipun wiwit lumampah malih. Anggènipun nètèsi toya panggêsangan dipun kaping kalihi, layonipun ingkang èstri wiwit ngebahakên tangan saha sukunipun, sarêng dipun tètèsi toya jangkêp kaping tiga, ingkang èstri ujug-ujug lajêng tangi saha wicantên makatên:

O, ambêkan kula têka sêsêg sangêt. Anggèn kula tilêm têmtunipun dangu sangêt.

Mikalya amangsuli: Yèn aku ora ana ing kene, kira-kira kowe ora bakal tangi manèh.

Sasampunipun cariyos makatên wau, Mikalya lajêng anarik dhadhung ingkang kacancang wontên ing pêthi, sambêtipun kalihan jam ing greja. Sanalika punika êjam mungêl rame, ingkang anjalari kagètipun tiyang ingkang jagi greja. Sakala punika panjagi greja dhatêng ing kuburan, ing ngriku nyumêrêpi kadosdene wontên tangan ingkang botên katingal tanpa kèndêl anariki dhadhung sakiyatipun. Salêbêtipun makatên wau Mikalya anyuwara sakiyatipun, ngantos sitinipun horêg. Tiyang ing kitha Kiyèp kathah ingkang sami kagèt dening suwaranipun Mikalya wau, saha lajêng sami nuju dhatêng kuburan sadaya, prêlu badhe anêksèni kadadosan ingkang sakalangkung anggumunakên punika. Sarêng sampun dumugi ing kuburan, salah satunggal wontên ingkang kalair têmbungipun makatên: He, ana lêlakon têka anèh bangêt. Sêmune ing kene ana wong mati kang kapengin bali ana ing donya manèh. Apa iya saiki kiyi wis tiba mangsane arêp kiyamat.

Sarêng Ilya mirêng suwara jam greja ingkang sakalangkung rame punika, lajêng enggal-enggal pangkat sêsarêngan kalihan sadhèrèkipun sinarawèdi pun Dhobrinya, nuju dhatêng ing kuburan. Wontên ing satêngahing margi Ilya wau cariyos dhatêng Dhobrinya makatên:

Kang nyuwara sêru kae kiraku dudu wong liya kajaba sadulur sinarawèdi dhewe si Mikalya. Kira-kirane ngrumasani ora kuwat lungguh anunggoni ing sacêdhake layone bojone, mulane banjur abêngok-bêngok sêru sarta tanpa kêndhat ngunèkake jam, kuwi karêpe rak arêp anjaluk tulung supaya diêntasake.

Kala samantên para tukang kubur sampun sami dumugi ing kuburan ambêkta pacul, salajêngipun sarana dipun padhangi ing obor têtiyang wau sami andhudhuki kuburanipun Mikalya kalihan ingkang èstri wau. Sasampunipun lajêng sami ngandhapakên ôndha wontên ing salêbêtipun kuburan ngriku. Ing kala punika kagèt lan gumunipun para têtungguling prajurit, punapadene tiyang sanès-sanèsipun ingkang sami mrêlokakên dhatêng ing ngriku, tanpa upami, sarêng sami nyumêrêpi bilih ingkang mêdal saking kuburan punika botên namung Mikalya piyambak, naning ugi kalihan ingkang èstri, ingkang purna waluya jati kados ing suwau-waunipun. Para têtungguling prajurit lajêng sami ngrubung Mikalya, tuwin karangkul. Bingahing manahipun tanpa upami, dene sadhèrèkipun sinarawèdi sampun sagêd wilujêng tanpa kara-kara.

Botên watawis dangu para pangagênging agami ugi lajêng dumugi ing ngriku saha sami suka bêrkah dhatêng Mikalya tuwin ingkang èstri. Wusana tiyang sadaya wau sami rame-rame anjujugakên Mikalya dalah semahipun dhatêng ing griyanipun.

Wiwit punika gêsangipun Mikalya tuwin ingkang èstri tansah sih-sinihan ngantos dumugining sêpuh. Ing wusana sarêng Mikalya dumugi ing janji, kadosdene prasêtyanipun ing ngajêng, layonipun ugi kakubur sêsarêngan kalihan ingkang èstri.

Makatên mênggah dêdongenganipun salah satunggiling prajurit ing Ruslan ingkang namanipun sakalangkung arum dening kaprawiranipun, ngantos kasuwur, botên ngêmungakên wontên ing praja Ruslan kemawon, ugi waradin ngantos dumugi ing saindênging tanah Eropah.

Badhe kasambêtan.

--- 49 ---

No. 13, 26 Maart 1938 Taun IX.

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI: BU-MAR.

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM. RÊGANE SATAUN f 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

MANGSULI LAYANG.

Mochamad Dawani, Muntok. Pancène karanganmu iya apik sarta bisa kanggo muwuhi kawruh, nanging sarèhne Kêjawèn wis tau ngêmot bab iku, dadi rama redacteur ora marêngake amacak, uga aja pisan dadi gêlaning atimu. Bu Mar tansah ngarêp-arêp karanganmu liyane.

Hadijah, Pêdagung. Karanganmu wis daktampa, nanging aja pisan dadi atimu, dene ora bisa kapacak, jalaran kurang prayoga.

As, Mênggungan, Surakarta. Aku wis tampa layangmu, bangêt panrimaku. Sukur dene kowe wis dhangan anggonmu ginanjar lara. Bu Mar saiki paringaning Allah slamêt ora kurang sawiji apa.

Soeradi, Blimbingweg 23, Semarang. Aja pisan dadi atimu, ya Di, karanganmu ora bisa kapacak, jalaran kurang cêtha.

Siti Lantarsih p/a S. Soeroamidjojo, Crani onderneming Tolan. Pangkalan. S.O.K. Mula wis lawas kowe ora ngirimi layang nyang Bu Mar, dadi ana sababe ginanjar lara nganti pirang-pirang dina. Wah tujune saiki kok wis waras babar pisan. La wong êri krambil sawit bae kok anjalari lara warna-warna ya Ti?

S. Saring. Notoprajan, Ngayogyakarta. Layangmu kang têtêmbungane alus sarta andêmênakake wis daktampa, ora liya bangêt panrimaku. Karangan kanggo jagading wanita uga wis dakaturake nyang rama redacteur. Saring, karanganmu dhèk biyèn ing sakawit arêp dakpacak, nanging dakpikir-pikir kok kurang apik, kurang lucu tumrap bocah-bocah. Mula aja pisan dadi atimu, idhêp-idhêp kanggo nglantihake kapintêranmu. Yèn kowe pinuju kobêr coba-coba gaweya karangan manèh sing luwh apik, aja banjur cilikan atèn utawa mutung, kaya sing uwis kowe sok tlatèn. Kayata Soehestri ing Sumpiyuh karangan sing dhisik-dhisik ya ora kapacak, nanging dhèwèke banjur duwe pangira bae, manawa karangane kurang prayoga, ditlatèni, sêngkud ngarang liya manèh, ora banjur mutung sarta mêlèh-mêlèhake Bu Mar.

R. Achmad Mashadi, Banyuwangi. Lêluconmu ora bisa kapacak, muga aja pisan andadèkake cuwaning atimu.

Timan, Surabaya. Bangêt panrimaku kokirimi karangan manèh.

Sri Woelan, Tuban. Aku bungah bangêt dene kowe wis tampa layang saka Sri Sasanti lan Roesdijati, muga-muga langgêng anggonmu padha sêduluran lan mêmitran. Pancèn adrèse Roesdijati sing dikirimake nyang aku ya kaya sing kokandhakake kuwi. Coba ta ngirimana layang bae, yèn layangmu dibalèkake, ya wis, janji kowe wis mangsuli layange Roesdijati.

Uncle Sum, Singapur. Karanganmu wis daktêrusake nyang Moediasri sarta layang kanggo "Black Sweet" uga wis dakkirimake. Kowe kliru sêthithik, "Black Sweet" kuwi bocah lanang.

Mochamad Madijana k/p Lêgoksari, Têmanggung. Kirimanmu cangkriman lan lêlucon wis daktampa, cangkriman isih arêp daksimpên dhisik, awit sing dhisik durung kapacak-pacak, dene lêlucon ora bisa kapacak. Aku wis matur nyang rama Hoofdredacteur bab bêbungah, pangandikane, para langganan sing wiwit sasi Februari ora nampa bêbungah mau.

Madijana, aja manèh-manèh mangan klèngkèng 2½ kati saêndhêgan ya, mundhak mêndêm manèh. Kêbangêtan kowe kuwi, ayake lagi kêmaruk ya.

Iya, besuk yèn kêparêng aku bisa têka ing Têmanggung dakmampir nyang omahmu, ya, apa cêdhak Assistenan ya?

Black Sweet Madiun. Wah, bangêt cuwaning atiku, dene rama Hoofdredacteur ora marêngake amacak gambaranmu karo-karone. Dene sabab-sababe kowe mêsthine bisa ngira-ira dhewe.

Pêrkara corekan ing putih lan irêng kanggo panêmuku gambaranmu wis bênêr, ora kuciwa. Yèn ana sing ora kapacak, ya aja nêsu lan aja gêla, ya Sweet, idhêp-idhêp kanggo nglantihake.

Isni Marjasri, Blitar. Pitêpunganmu wis daktampa kanthi bungah. Wah pancèn lagi usum udan. Ing Bêtawi sadhela-sadhela ya udan. Nèk ora udan, panase wis ta cêmêprèt, nganti akèh wong padha ngêlu. Sing mêmpêng anggonmu sinau nglangi, iku sport kang apik bangêt.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar.

--- 50 ---

KUTHA SINGAPURA

(Candhake).

Dhèk jamane isih murah biyèn ing Tanah Jawa gajêge ana beurs kanggo murid kang pintêr nanging mlarat. Ing kene iya ana, jênênge "Queen's Scholarship". Sabên taun diwènèhake marang murid 3 sing mêtune saka "High School" apik dhewe. Sing bisa olèh ya mung bocah kang pêng-pêngan bangêt, sêbab mungsuhe (concurrentie) saka tanah jajahan Inggris ("Britis possessions") kabèh.

[Grafik]

Gêdhong Raffles Institute ing Singapur.

Saka High School dalane munggah mênyang "College", ing Singapur ana loro. "Medical College" kanggo apotheker utawa doktêr lan "Raffles College" kanggo "Bachelor of arts", lawase pasinaon ana 2 nganti têkan 5 taun. Yèn murid isih mêksa durung bosên sêkolah, bisa mbacutake manèh, ya kuwi mênyang "University" ing Hongkong utawa Londen, sabab Singapur dhewe ora duwe.

Wiwit saka "Primary School" nganti têkan "High School" bocah lanang lan wadon ora olèh kumpul, dadi sêkolahane ya warna loro; "Boys School" kanggo bocah lanang lan "Girls School", kanggo bocah wadon. Bukune kudu tuku dhewe, ning yèn wis ana ing "College" lan "University" buku-buku lan piranti-piranti (instrumenten) olèh nyewa. Kanggone bocah sing entuk "Scholarship" kêpenak bangêt, ora susah mikir apa-apa, sandhang pangan cukup, waragad kapal lan sêpur dibayari, kabèh sarana lêlahanan, nganti mêtu saka University.

Têmbung dollar iku sawêruhku ana 3 warna, ya kuwi U.S. dollar kanggo Mexico lan Straits lan dollar kanggo jajahan Straits Settlements.

Ana candhake.

SUM.

--- 51 ---

KAELOKAN LAN ADILING ALAM

Kacarita ana sawijining Bupati kang pinitaya bangêt dening Sang Ratu, nanging Bupati mau dumunung ana sawijining provincie kang rada adoh, yaiku bang-wetan (brang-wetan) karêpe yèn mangetan nganggo nyabrang ngliwati sêgara.

Bupati mau kagungan mitra kang sinarawèdi, cêkake saekapraya, sabaya lan sapati, lan mitra mau bangêt ditrêsnani dening Sang Bupati mau, mangkono uga mitra mau sanajan sawijining wong kang sugih bangêt, lan cinakêt ing Sang Bupati, ewasamono bèrbudi lan panggalihane malah saya alus lan wêlasan marang sapadhaning urip: cêkake ambêk darma lan paramarta. Saking bagus lan lurusing atine mitra Bupati mau, nganti katêlah wong-wong kang dumunung adoh saka kutha lan apa manèh kang cêdhak kutha kono, anjêjuluki marang mitra Bupati mau Sang Pandhita.

Nanging ndilalah êmbuh saka apa sababe, Sang Pandhita mau, saking alus lan lurusing panggalihane nganti ora manggalih marang kagungane kadonyan, tansah pêparing tanpa kêndhat marang wong-wong kang nandhang kêmlaratan lan kacingkrangan. Asring bangêt Sang Bupati mau, ngelikake tumindake mitra kang mêngkono mau, malah têrkadhang diolok-olok pamêlèh akèh-akèh. Ewasamono tumindake Sang Pandhita malah saya luwih saka mêsthi. Ya mêsthi bae kagawa saka tindak kang tumrape pandulu ing liyan kang ora pracaya marang tumuju panggawe mau, apa kang dikarêpake. Malah uga sok dikira, yèn Sang Pandhita mau rada owah panggalihe.

Dene Sang Pandhita mau kagungan putra lanang kang watara umur 12 taun. Lan putra mau bangêt ditrêsnani dening Sang Pandhita. Uga bab kalakuane anak mau ora beda karo ramane. Pancèn dhasar putra Pandhita tur mung siji lan lanang pisan. Saka karsane Sang Pandhita, tansah mêmuji rina kalawan bêngi: "Muga-muga anakku iki wêwatêkane aja nganti gèsèh karo aku. Paribasan: "Kacang ora tinggal lanjaran." Dene jênênge bocah mau Sampurna. Mundhak dina Sampurna mau mundhak gêdhe lan wuwuh pangrêtine lan kapetung ora tau lêlungan adoh lan ora tau pisah karo ramane kang bangêt ditrêsnani mau. Nanging rèhning kaanan ing donya mau ora bisa langgêng, mangkono uga kaanan mau, tumiba ing papasthine Sampurna, yaiku kaanan kang tanpa dikira, dumadakan Sang Pandhita mau tinimbalan mênyang ing jaman kêlanggêngan. Kapriye kasusahane lan prihatine Sampurna mau, saya manèh ibune Sampurna wis ngajal taun kang kapungkur, dadi saiki Sampurna lola.

Sapungkure Sang Pandhita Sang Bupati banjur utusan nimbali Sampurna. Ringkês sasowane Sampurna ing ngarsane Sang Bupati, Sampurna didhawuhi nyambutgawe ngiras ngèngèr ana kabupatèn. Sabab Sang Bupati ngèngêti watak lan lêlabuhane Sang Pandhita dhèk nalikane isih sugêng, mulane kêrsane arêp têtulung marang bocah lola mau, nanging anèh bangêt ndadak Sampurna ora gêlêm nuruti apa kang dadii pamundhute Sang Bupati mau.

Ana candhake.

TONTONAN KANG ANGGUMUNAKE (JARANAN DHOR)

Sêdulur-sêdulurku ing Taman Bocah kene, kiraku durung mêsthi kabèh padha sumurup tontonan kang diarani jaranandhor, dene ujude, kang dadi wong lanang lan wadon padha nunggang jaranan kepang, nganggo kanthi wong-wongan kang diarani gêndruwon (rupane memba gêndruwo), tabuhane unine thok, thèk, thok, dhor, thok, thèk, thok, dhor, mangkono sabanjure, mulane katêlah jaranandhor lan disuwurake jaranandhor bisa mangan pari lan bêling.

Watara durung pati suwe, tanggaku nanggap tontonan jaranandhor, aku nyipati nonton dhewe, tanggapane sabubare mung f 0,30, ing kono akèh bangêt wong-wong lan bocah-bocah kang padha nonton. Wiwit main, wong loro lanang wadon padha anjogèd, nunggang jaranan kepang. Sawise njogèd banjur mamah gabah pari, kang diwadhahi tampah, sinangga ing wong liyane, gabahe kira-kira ana sacangkir. Barêng cangkême wis kêbak gabah muncu-muncu, nuli diombèni banyu diwadhahi èmbèr, pangombene karo ngadêg, dadi sing padha nonton saka kadohan ora bisa wêruh kapriye pangombene banyu iku, dene pangombene cangkêm ngokop banyu sajroning èmbèr.

Ing kono pênontonku daktamatake nganti cêtha. Gabah pari kang dimamah mau sanyatane banjur dilêpèhake ana ing jêrone banyu èmbèr. Sawise cangkême kothong, banjur ngombe banyu têmênan diulu. Mangkono iku aloking wong nonton, jaranandhor mangan gabah pari.

Banjur gênti main manèh. Wong kang dadi gêndruwon wiwit jogedan karo mamah bêling, nganti cangkême kêbak bêling. Sawise uga banjur ngokop banyu èmbèr, pratikêle iya kaya kang wis kacêtha ing dhuwur mau. Dene kang padha main iku, polatane rewa-rewa kaya wong kêsurupan setan (dhêmit) mulane yèn arêp lèrèn uga rewa-rewa kudu disêbul êmbun-êmbunane setane bèn lunga, kang main banjur lèrèn, mèh nunggal misah karo sulapan.

Mulane wêlingku marang sadulur-dulurku ing Taman Bocah kene, aja padha duwe gumunan lan piandêl, yèn durung nyatakake dhewe.

Sêdulurmu, Ngaisah Djojosoedira, Ponorogo.

--- 52 ---

TUKANG KUWIH ING DAMASKUS

(Candhake)

Sasuwene momotane unta liyane diudhunake, ibune Barudin lan Saira katimbalan sarta kadhawuhan mangkene: "O, anakku nggèr, Saira, saiki kowe ngucapa sukur ing Pangeran, dene bojomu wis kêtêmu. Kowe rak isih eling ta kaanane ing kamarmu, nalika dhaupmu karo Barudin? Saiki enggal tatanên kaya dhèk biyèn manèh. Aku bakal tata-tata liyane."

Kanthi bungah ingati, Saira ngèstokake dhawuhe bapakne. Dene Kyai Patih banjur ndhawuhi para kawulane, supaya majang kamar pêjagongan kaya nalikane Barudin lan si Bucu ana ing kono. Barêng kabèh wis rampung, Kyai Patih nuli mlêbu ing kamare Saira, sarta nyèlèhake sandhangane Barudin lan uga kanthong isi dhuwit duwèke Barudin ana ing panggonane dhèk biyèn. Sawise nuli dhawuh marang Saira: "Saiki kowe mênyanga kamar pêngantèn lan mêngko yèn Barudin mlêbu, kowe kudu sêsambat manawa suwe bangêt anggone Barudin lunga sarta kandhaa yèn kowe gumun lan kagèt bangêt, nalikane kowe tangi, Barudin wis ora ana." Sawise calathu mangkono, Kyai Patih banjur mêtu saka kamar pêngantèn.

Kyai Patih nuli dhawuh marang para abdi supaya padha mêtu saka kamar, ngêmungna loro têlu bae kang anjaga ing kono. Barudin banjur kadhawuhan ngwêtokake saka pêthi, kagawaa mênyang kamar pêjagongan, lan kori nuli kakuncia sarta ditinggala dhewe.

Sanajan Barudin lagi nandhang susah, nanging saka kêsêle, anggone turu kêpati, nganti ora krasa manawa wis diwêtokake saka pêthi sarta wis diêlih mênyang kamar pêjagongan. Barêng tangi, banjur ndêlok mangiwa manêngên lan banjur kèlingan nalika kadhaupake. Bangêt gumune, dene saiki ana ing panggonan kêtêmune karo si Bucu. Dhèwèke nuli marani kori kang wis mênga, sarta anjog ing kamar. Ing kono dhèwèke wêruh panganggone dhewe dhèk biyèn, uga ana ing panggonan anggone nyèlèhake. Karo ucêk-ucêk mripate calathgu mangkene: "Aku iki turu apa mêlèk. Kapriye ta iki?"

Saira kang bungah bangêt wêruh Barudin gumun lan bingung mangkono, banjur dumadakan mêncungkul karo calathu kanthi bungah lan gumun mangkene: "Panjênêngan punika mêntas tindak pundi, ta kangmas, têka dangu sangêt. Mangga ta lênggah, sampun jumênêng cêlak kori kemawon!"

Tukang kuwih nuli mlêbu ing kamar pêngantèn, tansah nyawang Saira lan kabèh barang ing jêro kamar. Barêng kabèh wis didêlok cêtha, nuli calathu: "O, têmênan aku iki ngimpi!"

Saira mangsuli karo mèsêm: "Lo, kangmas, kadospundi?" "Kula botên ngêrtos pangandika panjênêngan. Mangga ta lênggah ingkang sakeca lan kula dipun ngêndikanana, punapaa panjênêngan têka lajêng bingung makatên!"

Sanajan isih mamang, Barudin nuli lungguh njèjèri Saira sarta banjur nyaritakake kabèh lêlakone saka kawitan tumêkane pungkasan.

Barêng Barudin rampung anggone carita, gênti Saira nyaritakake apa kang diwêruhi. Wong loro isih padha rêrêmbugan dumadakan Kyai Patih rawuh, yaiku tumrape rumasane Barudin, wong mau kang arêp matêni Barudin jalaran gawe rumtar ora dibumboni mrica.

Saira wis nyaritakake apa sababe Kyai Patih reka-reka mangkono mau. Ananging isih ana rong bab kang disidhêm, yaiku ora nyaritakake manawa Agib anake lanang lan uga ora ngandhakake manawa anggone bisa kêtêmu karo Barudin, lantaran saka ibune, sarta ibune uga ana ing dalêm kêpatihan kono.

Kanthi sênênging atine Barudin mêthukake pamane, kang saiki wis dadi bapakne, ngambung astane. Sawise banjur matur: "Rama punapa panjênêngan sagêd ngêndikakakên sabab-sababipun anggèn kula dhaup kaliyan putra panjênêngan lajêng ical ing dalu punika ugi, ngantos mèh wolung taun laminipun kados wontên ing impèn?"

Kyai Patih banjur ngandikakake kandhane si Bucu. Ing kono banjur cêtha bangêt, manawa kaanehan kang wus kêlakon mau kang agawe ora liya mung para jim. Ananging Kyai Patih banjur ngêndika mangkene: "Ach ya wis aja dipikir dawa-dawa bab wêwadi, iki, ayo padha sênêng-sênêng bae, nuruti kêrsane kang Kuwasa. Kowe durung wêruh kasugihanmu Barudin? Dêlêngên ta lan matura nuwun nyang Kang Maha Kuwasa.

Kyai Patih nuli kêplok-kêplok, ora suwe Agib lan ibune Barudin barêng jumêdhul padha têka, Kyai Patih banjur ngêndika mangkene: "Anakku Barudin, dêlêngên ta donya kayamu, anak lanang endah ing rupa lan ibu kang trêsna!"

Barêng Barudin wêruh, wong loro mau saya luwih bungah. Salawase durung tau krasa bêgja kaya ing wêktu iki. Wong têlu banjur rangkul-rangkulan tanpa kêndhat, sarta êluhe carocosan saking bungahe.

Wêkasane ibune calathu: "O, Barudin, bêgja kêmayangan, dene aku isih bisa kêtêmu karo kowe. Takkira kowe wis mati, anggonku nangisi rina wêngi!"

Agib wis ora nginggati manèh kaya dhèk ana ing Damaskus, malah ora gêlêm pisah karo bapakne.

Esuke Kyai Patih sowan ing ngarsane Sang Ratu pêrlu ngaturake lêlakone marang Sang Ratu. Barêng wis kondur ing dalêm kêpatihan, kabèh wis têmata, kaya sing didhawuhake kanggo pasamuan gêdhe. Kacarita ing dina iku ing dalêm kêpatihan kabèh padha sênêng-sênêng tanpa upama, dene Sang Ratu sakawulane uga rawuh pêrlu anêksèni. Sang Ratu bingah lan gumun têka ana lêlakon kang anèh mangkono, mula banjur andhawuhi katulisa kagawe buku pêrlu kanggo pêngeling-eling ing kêrajan kono.

Cuthêl.

--- [0] ---

Ôngka 26, Rê Wa, 28 Sura Jimawal 1869, 30 Marêt 1938, Taun XIII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

Babad Giyanti

Miturut babon ingkang sumimpên ing Kon. Bat. Gen. v. K. en W.

Sarisakipun karaton Kartasura ingkang jumênêng nata Sinuhun Pakubuwana II lajêng yasa karaton enggal ing dhusun Sala, nagari kasantunan nama Surakarta Adiningrat. Sang nata dèrèng dangu anggènipun ngadhaton ing Surakarta lajêng pasulayan kalihan ingkang rayi Pangeran Mangkubumi. Wusana anjalari pêrang ngantos pintên-pintên taun, inggih punika pêrangipun wadyabala Surakarta kabiyantu prajurit Kumpêni mêngsah kalihan para prajurit ingkang sami ngrencangi Pangeran Mangkubumi. Pêrangipun gêntos unggul lan gêntos kalindhih, sarta kanthi ngolah-ngalih panggenan. Dangu botên wontên ingkang mênang tuwin ngawon, pungkasanipun ingkang sami mêmêngsahan lajêng bêdhamèn. Miturut bêdhamèn wau nagari kapalih dados kalih bagean. Ingkang sabagean inggih punika nagari Surakarta dados kagunganipun nata ing Surakarta Sinuhun Pakubuwana III, ingkang anggêntosi ingkang rama nalika taksih wontên pêrang, amargi ingkang rama Sinuhun Pakubuwana II seda nalika taksih wontên pêrang wau. Dene ingkang sabagean malih inggih punika nagari Ngayogyakarta dados kagunganipun Pangeran Mangkubumi ingkang lajêng madêg nata jêjuluk Sultan Amêngkubuwana.

Sanajan botên kapratelakakên, para maos têmtunipun sampun sami priksa, bilih babad Surakarta ingkang katêlah dipun wastani Babad Giyanti punika pantês sarta inggih sampun samêsthinipun dados waosanipun tiyang Jawi. Botên namung tiyang Jawi ing nagari Surakarta lan ing Ngayogyakarta kemawon, nanging para tiyang Jawi ing laladan sanès-sanèsipun inggih prêlu maos babad wau. Awit punika atêgês nyumêrêpi lan ngèngêt-èngêt babading tanahipun piyambak lan atêgês kangge nyumêrêpi lêlampahanipun para lêluhur Jawi ingkang sami tumut andon yuda nglabêting Sinuhun ing Surakarta utawi Pangeran Mangkubumi kasêbut ing nginggil wau. Amargi pêpêrangan ingkang kacariyosakên ing Babad Giyanti punika jêmbar têbanipun, botên namung ing salêbêtipun laladan nagari Surakarta lan Ngayogyakarta kemawon, nanging ngloncok dumugi laladan sakiwatêngênipun nagari kalih wau, sarta ingkang sami tumut andon jurit ugi botên ngêmungakên tiyang ing nagari Surakarta lan Ngayogyakarta kemawon.

Kajawi punika, Babad Giyanti ugi andongèngi, liripun nyariyosakên pêpêrangan, lêlampahan, lan kawontênan warni-warni, ingkang pantês dipun waos kangge nyênêngakên manah. Jalaran ingkang andhapuk pujôngga agêng ingkang sampun misuwur, inggih punika suwargi Tumênggung Yasadipura, ing Surakarta. Basa tuwin othak-athiking cariyos runtut lan sarwa nêngsêmakên.

Babad Giyanti ingkang kawêdalakên dhatêng Bale Pustaka punika ngantos satamatipun, sarta murih ènthèngipun ingkang sami mundhut, kawêdalakên dados pintên-pintên jilid. Samangke sampun kenging wêling ingkang jilid: 1-11, á f 0.50.

--- [389] ---

Ôngka 26, Rê Wa, 28 Sura Jimawal 1869, 30 Marêt 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana têdhak dhatêng kadhaton ing Dhèli

[Grafik]

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana nuju mêdhar sabda wontên ing kadhatonipun Sri Sultan ing Dhèli, malêsi mêdhar sabdanipun Sri Sultan.

--- 390 ---

[Grafik]

Upacara têdhak dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana nalika têdhak dhatêng karaton Kasultanan Sêrdhang ing Pêrbaungan.

[Grafik]

Minôngka pakurmatan rawuh dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, wontên ing plataraning Batak, - Museum, kapitongtonakên jogèd Batak mangangge cara ing ngriku.

--- 391 ---

Kawruh Sawatawis

Pètêr Martin Lampêl (Peter Martin Lampel).

Sampun sawatawis dintên, ing Hotèl Slier, Surakarta, wontên satunggaling tukang gambar (schilder) bôngsa Jêrman nama Tuwan Peter Martin Lampel, mitongtonakên gambaranipun tumrap umum. Sadèrèngipun dhatêng ing Surakarta Tuwan Lampêl wau sampun ngawontênakên tèntunsêtèling wontên ing sanès-sanès panggenan, kados ta: Bêtawi, Sêmarang, Surabaya tuwin sanès-sanèsipun. Piyambakipun ugi mêntas saking Bali punapa, awit nagari Bali punika tumrapipun para ahli kagunan, dipun anggêp sagêd nênangi gagasan.

[Iklan]

Tèntunsêtèlingipun Tuwan Lampel wontên ing Surakarta wau dipun gatosakên sangêt dening umum, tuwin ugi dipun rawuhi para luhur Jawi punapa, awit gambaranipun tuwan wau pancèn sae sayêktos. Kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur jendral, kumêndhaning wadyabala Indhiya Nèdêrlan tuwin prayagung Walandi sanès-sanèsipun ugi sampun nate andhawuhi Tuwan Lampêl damêl gambaripun mawi cèt olieverf. Ingkang dipun êmatakên Tuwan Lampêl punika gambar portrèt, inggih punika gambaran ingkang namung nyêthakakên sirah watês jaja utawi sabangkekan.

Tuwan Pètêr Martin Lampêl punika lairan ing

--- 392 ---

Schönborn, Silezië (Jêrman), anakipun satunggaling pandhita (predikant) ing kitha wau ingkang taksih kalêbêt golongan kina. Lairipun kala taun 1894, dados sapunika sampun umur 44 taun. Babadipun Tuwan Lampêl ingkang kenging kacathêt ing ngriki kados ingkang kasêbut ing ngandhap punika:

[Grafik]

Tuwan Pètêr Martin Lampêl pinuju anggambar putra dalêm Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, Bandara Radèn Mas Santosa Natasuparta, ing Balekambang, Surakarta.

Nalika pêrang agêng (donya) ing taun 1914-1918, wiwit dintên pêrangan ingkang kawitan, dados nalika samantên Tuwan Lampêl sawêg umur 20 taun, sawêg gagah-gagahipun sarta kêbak gagasan, piyambakipun ugi tumut ambelani prajanipun dados prajurit, ingkang kala samantên wiwit mêmêngsahan kalihan nagari Ruslan. Sawatawis taun malih Tuwan Lampêl dipun pindhah tumut wadyabala ingkang nêmpuh nagari Prancis.

Tuwan Lampêl ingkang tansah minggah-minggah pangkatipun ngantos dumugi pangkat litnan, rumiyinipun nyambut damêl ing bagean artilêri, inggih punika babagan mriyêm saha sanjata sanès-sanèsipun ingkang migunakakên mimis, lajêng pindhah dhatêng babagan motor mabur (luchtmacht). Kados para maos taksih èngêt, nalika pêrang agêng punika nagari Jêrman sagêdipun damêl mirising mêngsah sarana migunakanmigunakakên. motor mabur ingkang wangunipun kados srutu atêng, dipun wastani modhèl cèpêlin (Zeppelin).

Nalika pêrangan Tuwan Lampêl damêlipun anglampahakên cèpêlin, piyambakipun ugi sampun nate numpak cèpêlin, nglangkungi sacêlaking tapêthaltapêl. watês nagari Walandi, prêlu badhe angêbomi kitha Londhên, kitha karajan Inggris, sêsarêngan kalihan cèpêlin sanès-sanèsipun, ingkang wontên ing buku babad dipun wastani "air-raid of London".

Rahayuning Pangeran, dene sadangunipun pêrangan wau sanadyan Tuwan Lampêl asring kêtaton kenging mimis utawi dêdamêl sanès, botên andadosakên tiwasipun. Tuwan Lampêl ugi sampun nate pêcah sirahipun ngantos sangêt, amargi piyambakipun dhawah saking gêgana, awit motor mabur ingkang dipun lampahakên nalika samantên bôngga.

Sarêng kawontênanipun nagari Jêrman sampun têntrêm, Tuwan Pètêr Martin Lampêl lajêng sagêd sinau malih. Wontên ing kitha Bèrlin piyambakipun sakolah nyinau bab ukum tuwin ekonomi, lajêng wontên ing Munchen sinau wontên ing pamulangan gambar luhur, prêlu nyampurnakakên kasagêdanipun anggambar. Anggambar punika tumraping piyambakipun wiwit alit mila sampun dados karêmênanipun, lan sapunika sarêng piyambakipun wangsul gêsang ing bêbrayan malih, dados cagak gêsangipun ingkang baku.

--- 393 ---

Kajawi anggambar Tuwan Lampêl punika ugi pintêr ngarang sêrat (buku-buku) kajawi cariyos-cariyos mirit saking babad lan kawontênan ing paprangan ugi sandiwara punapa. Ingkang misuwur inggih punika karanganipun sandiwara "Revolte im Erziehungs-haus" (gegeran ing griya panggulawênthah), "Vaterland" (siti wutah rah) tuwin "Giftgas über Berlin" (gas racun angêmuli kitha Bèrlin). Sandiwara kalih ingkang kasêbut ngajêng punika ngantos dipun pitongtonakên wontên ing Londhên punapa, dipun santuni basa Inggris. Manawi nitik kala pêrang agêng Inggris punika mêngsahipun Jêrman, para maos sagêd mangrêtos piyambak mênggahing bab saening karangan wau. Badhe kasambêtan.

Dno. S.H.

Wara-wara.

Ngaturi uninga, ing sarèhning ing sapunika kawontênaning karawitan Jawi katingal majêng, wiwit wulan April punika, sabên wêdaling Kajawèn ngêwrat kawruh babagan gêndhing pêpathokan saking Surakarta tuwin Ngayogyakarta.

Ingkang saking Surakarta karanganipun Radèn Mas Kodrat, ingkang saking Ngayogyakarta karanganipun Radèn Ngabèi Pringgaardana.

Mugi wêdaling Kajawèn wau adamêla karênaning para maos.

Pawartos saking Redhaksi.

K. 5378 ing Godhean. Karangan panjênêngan punika sampun umum sangêt.

Tuwan T. ing Surinamê. Panjurung panjênêngan badhe katampèn kanthi bingahing manah.

[Iklan]

--- 394 ---

Kawontênanipun Jêrman kalihan Ostênrik

Tumrap kawontênanipun nagari kêkalih, Jêrman tuwin Ostênrik, nama sampun nunggil dados satunggal, sadaya tatanan praja sampun botên wontên bedanipun, nanging wantunipun tumrap Ostênrik nama katêmbèn kataman tatanan enggal, tumindakipun inggih taksih anggronjal, nanging inggih lajêng kêpêksa tumindak. Namung tumrap para ingkang botên cocog, lajêng oncat saking nagari ngriku. Saya malih tumrap para darah nata ingkang ing ngajêng gadhah pangajêng-ajêng badhe wangsul anglênggahi dhampar karajan, kêpêksa sumingkir saking ngriku. Dene rêrigêning parentah pancèn nyingkirakên sawarnining bôngsa ingkang kamanah makèwêdi, tuwin kalampahan pundi golongan ingkang rumaos dados satru, lajêng sumingkir piyambak.

[Grafik]

Dr. Seyss - Inquart wontên ing sêtatsiun ing Linz dipun urmati ing golongan Nasis.

Nanging ugi botên anèh bilih tindakipun Jêrman wau adamêl kasamaranipun nagari-nagari alit kanan keringipun ngriku, saya tumrap nagari Tsjecho Slovakije, awit nagari wau ugi kathah têtiyangipun bôngsa Jêrman, mênggah nalaripun, botên anèh saupami lajêng wontên tindakipun Jêrman kados ingkang dhumawah ing Ostênrik. Tumusing kasamaranipun na-Dilanjutkan pada hlm. 396.

--- [395] ---

[Grafik]

Kala tanggal 14 Marêt, sasampunipun Jêrman, Ostênrik dados satunggal, Sang Hitler malêbêt dhatêng kitha karajan ing nagari wutah rahipun, inggih punika ing Ostênrik. Ing ngriku dipun tampi dening rakyat, kanthi gambiraning manah.

[Grafik]

Gambar kiwa: Sang Hitler numpak oto lapis waja militèr.

Ngandhap: Sang Hitler dumugi kitha Weenen, Sang Hitler wontên ing oto ingkang ngajêng piyambak, dipun tampi surak ing rakyat ngantos angorêgakên siti.

Kiwa: Sang Hitler tuwin Seyss-Inquart.

--- [396] ---

[Lanjutan dari hlm. 394 : Kawontênanipun Jêrman kalihan Ostênrik]

gari-nagari wau lajêng nuwuhakên dados rêmbaging nagari sanès-sanèsipun, awit mênggahing kasamaran, ugi pinanggih ing pundi-pundi.

Kados ta Inggris, punika pancèn inggih sawêg manah kawigatosan gêgayutanipun kalihan Jêrman, inggih punika ing bab anggèning Jêrman ngudi wangsuling jajahanipun ing ngajêng, nanging bab punika Inggris tansah nyanggi rêmbag murih sakecanipun ing wingking. Namung ing sêmu, Jêrman katingal adrêng, wusana lajêng wontên lêlampahan, Jêrman ngêlar praja sagêd nunggilakên Ostênrik. Mirid tindakipun Jêrman ingkang kados makatên wau, lajêng katingal bilih Jêrman punika pangawak santosa yêktos. Môngka tumrapipun Inggris, pinanggihipun ing sapunika sawêg manah kawigatosan gêgayutanipun kalihan Itali. Nanging sarêng wontên lêlampahan kados makatên punika, kêpêksa lajêng amungggêl rêmbag rumiyin.

Manawi miturut sêsulaking pulitik praja, Inggris sajak botên migatosakên dhatêng kasamaraning nagari sanès-sanèsipun. Nanging mênggah sajatosipun sêsulakipun Inggris damêl tatanan ingkang sairib kados nalika badhe paprangan donya.

Mênggahing Inggris anggèning gadhah tindak ayêm wau inggih mèmpêr, amargi dunungipun ragi têbih saking papaning bêbaya ingkang dipun samarakên. Balik Prancis cakêt, upami caraning griya kêbêsmèn, ragi samar manawi kêsalat, siyaganipun katingal anggèning yêktosan.

Manawi mirid wartos, anggèning Jêrman gadhah tindak nyatunggalakên, Ostênrik punika botên niyat badhe damêl gêndraning jagad, namung lugu badhe ngluhurakên dhatêng kabangsan. Nanging tumrap pamawasipun sanès praja botên purun lajêng ngawontênakên panganggêp kados makatên.

Dene mênggah kajêngipun Jêrman, sampun ngantos nagari sanès ngawontênakên sônggarunggi dhatêng tindak punika, dados tumrap praja ingkang nampi lêbêt tuwin ngagêngakên kasamaran, punika nama lêpatipun piyambak, Jêrman botên niyat damêl wêwinih punapa-punapa, kados upaminipun Inggris, anggèning nyaruwe dhatêng tindakipun Jêrman, punipunika. pêpindhanipun tiyang nyaruwe dhatêng kabêtahaning sanès ingkang pancèn botên wajib dipun saruwe. Malah Jêrman ing sakawit botên gadhah niyat ngudi murih Ostênrik malêbêt dados jajahan Jêrman, kalampahanipun punika kenging dipun wastani dadakan. Dene sababipun ingkang wos, ingkang mêdal saking pangandikanipun Sang Hitler, jalaran Sang Hitler rumaos dipun cidrani dening Schuschnigg, inggih tindakipun ingkang kados makatên punika ingkang botên kenging dipun ngapuntên.

Ing sakawit Schuschnigg sampun aprajanji botên niat badhe damêl punapa-punapa dhatêng rakyat Ostênrik, wontênipun namung badhe mituhu dhatêng punapa sangrèhipunsapangrèhipun. Jêrman. Nanging pinanggihipun malah nyulayani, dadak mawi ngawontênakên pamilih mupakat tuwin botênipun rakyat, Ostênrik dipun dadosakên satunggal kalihan Jêrman. Mila murih botên kêpanjangên lampah, Jêrman lajêng tumindak sanalika andadosakên satunggal Jêrman kalihan Ostênrik, sampun ngantos karumiyin tindakipun Schuschnigg. Môngka mênggah sajatosipun, tindakipun Jêrman namung badhe nyakecakakên bôngsa.

Mênggah nyata tuwin botênipun kados pangrancangipun Jêrman punika, namung wallahu alam.

--- [397] ---

Ngemba Rekadayanipun Dr. L. Pasteur

Nitik lampah-lampah lan anggèning manggihakên jampi pananggulanging wisanipun sêsakit pintên-pintên ingkang dados sabab thukuling sêsakit nular warni-warni, punika sajatosipun Dr. Pasteur botên niyat, namung ngudi badhe mriksa wisa utawi sababipun thukuling sêsakit-sêsakit wau. Sanajan Dr. Pasteur anggènipun manggihakên jampi suntikan kangge nanggulangi sêsakit edaning sêgawon, ingkang dados misuwuring asmanipun ing donya, inggih saking anggènipun ngudi badhe mirsa sababipun wontêning sêsakit wau.

Dene sabên-sabên Dr. Pasteur manggihakên wisanipun sêsakit lajêng sagêd damêl jampi lan pratikêl pananggulanging sêsakit punika, saking kêpêksa dêrêng lan sêrêngipun dhasar pancèn pintêr, sarêng anggènipun ngudi nitipriksa sêsakit-sêsakit wau pinanggih sabab utawi wisanipun, inggih lajêng katarik dening panggalih kadêrêng badhe nanggulangi wisanipun sêsakit-sêsakit wau.

Mênggah ingkang makatên punika kados botên kenging dipun paibên. Upaminipun tiyang gadhah sabin tanêman pantunipun sampun kêmêmping, sabên enjing dipun tingali pantunipun tansah kathah ingkang rêbah lan kados dipun punggêli, sarêng dipun padosi sababipun, pinanggih tikus ingkang sami nusuh ing galênganipun, dados tikus ingkang ngrisak pantun wau. Têmtunipun tiyang ingkang gadhah pantun dipun risak dening tikus wau inggih grêgêtên, tikusipun dipun padosi, yèn pinanggih lajêng dipun pêjahi sadaya.

[Iklan]

Sasampunipun Dr. Pasteur manggihakên wisa utawi baksilipun sêsakit-sêsakit wau, tiyang utawi dhoktêr-dhoktêr lajêng sagêd nyêgah utawi nulak ngrêbdanipun sêsakit punika. Makatên ugi nagari utawi kitha ingkang kirang utawi botên sae hawanipun, ingkang tiyang Jawi mastani angkêr, awit têtiyang ingkang manggèn ing ngriku kathah ingkang sakit, ingkang samangke dados panggenan ingkang sae utawi asri, dening tiyang ingkang sami manggèn ing kampung ingkang sampun dipun tata punika langkung sakeca utawi badanipun sami langkung kasarasan, tinimbang ing kraton kina ingkang pancèn dèrèng dipun ewahi utawi dipun dandosi. Badhe kasambêtan.

R. Sumadirja, Ind. Arts. Sêmarang.

Bab Buku.

Redhaksi Kajawèn sampun nampèni buku Poespita Mantja Negara saking Poestaka Nasional ing Surabaya.

Buku wau nyariyosakên nalika Dr. Sutama anjajah môncanagari kanthi ngandharakên wawasanipun. Aksara Latin, isi 110 kaca, rinêngga ing gambar 51 iji. Rêgi f 0.75. Pamundhutipun dhatêng Poestaka Nasional ing Surabaya.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên gênging panuwun.

--- 398 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Praja Pakualaman 125 taun.

III.

Petruk : Rungokna, Kang Garèng, saiki tak gambarake mungguh kaanane ing pasamuwan in Pakualaman. Kaya sing wis tak kandhakake ing ngarêp, para tamune pêpak bangêt. Para pangeran saka Kasunanan ing Surakarta, para pangeran Kasultanan ing Ngayogyakarta, para pangeran Mangkunagaran, apadene pangeran Pakualaman, kêna diunèkake kumplit kabèh. Kathik sing akèh padha sakalihan.

Garèng : Lan kaya kandhamu ing ngarêp, para pangeran mau sing akèh padha ngagêm cara militèr. Nanging sanadyana cara militèr, rak iya ora cara militèr bangsane, sêpandri utawa kopral, ta, têmtune rak iya cara ospir-opsir.

Petruk : Iya wis mêsthi, Kang Garèng, tur cilik-cilike apangkat kaptin, malah sing akèh-akèh ngagêm cara pangkat up opsir, kaya ta: grut mayor, ubrus, lan sêpadhane. Mulane ana ing kono aku rada dêrês pêlompong-pêlompongku. Awit ana ing Batawi kene aku kulina wêruh up opsir- up opsir kuwi mau, nanging sing akèh wis padha ngarêpake pènsiyun sakabèhane, iya arêp pènsiyun pangkate, iya arêp pènsiyun yuswane, mulane up opsir-up opsir ing Batawi kuwi sing akèh gagah lan brêgase iya wis akèh sing dibêsinêh, aliyas wis padha sêpuh-sêpuh. Seje karo para up opsir bangsaku sing dadi tamu ing pasamuwan Pakualaman, wah, sing akèh iya isih bagus-bagus, isih brêgas-brêgas, isih cakrak-cakrak, malah ngungkuli... aku, Kang Garèng.

Garèng : Wayah, rumasamu kuwi apa bagus, brêgas, utawa cakrak, kathik kumawani ngarani para up opsir, kangjêng pangeran-kangjêng pangeran, ngluwihi bagus, brêgas, cakrak katimbang kowe, ambok abdine tukang kêbon bae manawa luwih bagus lan luwih brêgas katimbang kowe.

Petruk : Aja kaliru tômpa, Kang Garèng, karêpku mangkene: wis jamak lumrah mungguhe manusa, yèn isih mudha kuwi umume sok duwe gagasan: luwih bagus, luwih brêgas, lan luwih cakrak. Wêruh wong sing apangkat tur blanjane sathekruk, gagasane: pangkata dhuwur lan balanjane sagrobag kae, wong wis kêmpong perot, jam papat... jlang-jlangan, barêng aku isih kêmêncur, dadi aku iya luwih bagus lan luwih brêgas. Seje karo nalikane aku ana ing pasamuwan Pakualaman mau, aku rumasa nglokro babarpisan, sabab kabèh kabèh têka diborong dening kangjêng pangeran up opsir mau, iya baguse, iya brêgase, iya cakrake, iya... sugih dhuwite.

Garèng : Cêkak aos, kowe arêp nêrangake, yèn para up opsir mau, sing akèh isih mudha, malah luwih ênom katimbang dhapurmu.

--- 399 ---

Mulane bagus, brêgas, lan gagahe isih ajêg, malah akèh bae sing saya promosi, dadi beda karo para up opsir ing Batawi, kang umume bagus lan brêgase wis padha dibêsinêh, rak iya wis mêsthi bae, ta Truk, para up opsir ing Batawi kuwi rak militèr lair batin, balik para kangjêng pangeran mau, rak militèr sampiran, têgêse: anggone kagungan pangkat militèr, sing akèh-akèh rak jalaran saka darah nata. Mulane, ngapuntên dalêm sèwu, akèh bae sing isih... kuncung wis kagungan pangkat, litnan sitok, ora, Truk, miturut kandhamu: para pangeran kumplit, para luhur bôngsa Walônda pêpak, lan para prayagung Jawa sasayahiranèki, wah, hla kiyi lênggahe mêsthine iya nganggo pangaturan, kaya ta upamane: kajaba para nata, sing diangkruk-angkrukake ana ing dhuwur dhewe, para Walônda, banjur para pangeran, para bupati, mêngkono sapiturute lan tibane kowe, bôngsa andhapan lungguhmu mêsthine ana ing... ngisor sawo.

Petruk : Gagasanamu kliru bingkanane, Kang Garèng, pranatane ing kono wis cara modhèrên têmênan, kajaba para nata lan wêwakile parentah Indhiya Bêlôndha, ana ing pasamuwan kono dianggêp tamu kabèh. Kangjêng pangeran arya anu dianggêp tamu, tuwan Lônda utawa tuwan Tionghwa, dalasan tuwan aku pisan, iya dianggêp tamu, anggone nômpa padha bae. Mulane lênggahe iya campur adhuk ora karuwan, awit para tamu kaparêng milih papan lênggah sasênênge, mulane ana bangsane inyong sing ibarate lênggah ana ing ngisor talang, nanging kosokbaline ana kangjêng pangeran arya sing pinarak ana ing ngèmpèr, malah ana bangsane Walônda pangkat sing lênggah cêdhak gamêlan. Cêkake para tamu dianggêp padha kabèh, mêngkono uga sugatane, ora kok bôngsa luhur utawa bôngsa Walônda disugata krokot lan bulyon upamane, banjur bôngsa inyong disuguh lêmpêr lan jangan bêning, ora babarpisan, Kang Garèng, nanging kabèh dipadha bae.

Garèng : Wèh, lagi krungu bae kok wis mantêp rasane atiku. Iki sing jênêngane pasamuwan cara modhèrên têmênan, dadi iya nyêbal karo pasamuwan lumrahe. Sabab ing pasamuwan liya-liyane kuwi padatane, êmbuh apa sabab sing kagungan dalêm kêpengin bèn saya katon asmane, êmbuh apa sabab kêpengin bèn saya mundhak darajate, sing diumpuk-umpuk, sing diehak-èhèki, aliyas sing dikurmati sasayahe kae, mung... bôngsa Walônda.

Petruk : Wiyah, wiyah, ambok aja ngomong sing ora-ora mêngkono. Kaya sing wis tak kandhakake ing ngarêp, mung papan palênggahan sarta panampane para nata lan wêwakile pamarentah, sing dibeda sawatara. Iki wis mêsthine Kang Garèng, ewasamono sugatane iya padha bae karo nyang bangsane aku barang kuwi. Lênggahe para nata utawa wêwakile pamarentah kuwi ana ing paringgitan, dadi nunggal karo sampeyan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Suryadilaga. Dene panampane mangkene, Kang Garèng. Nalika sampeyan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati [Adi...]

--- 400 ---

[...pati] Arya Mangkunagara rawuh, luwih dhisik ana suwaraning sêlomprèt, trèt titèt, trèt titèt, plêkèthèt, plêkèthèt, banjur suwara monggang, pungkasane musik diunèkake wilhèlmês. Para tamu jumênêng kurmat kabèh, mêngkono uga sampeyan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Suryadilaga, ora mung ngêntosi ana ing paringgitan bae, nanging banjur mêthukake tamu kang lagi rawuh mau ana ing undhak-undhakan pandhapa. Wah, cara Banyumase sêmangêr têmênan, Kang Garèng. Rawuh dalêm sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng sultan, sarta paduka tuwan gupêrnur ing Ngayogyakarta, iya kinurmatan kaya rawuh dalêm sampeyan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagaran, hla, sauwise paduka tuwan gupêrnur rawuh mau, sajake tamune wis dianggêp: kumplit, mulane banjur diwiwiti lèngsêng-lèngsêngan. Luwih dhisik paduka tuwan gupêrnur atas namaning pamarentah paring sugêng, dene praja Pakualaman wis ganêp 125 taun umure. Kang banjur diwangsuli dening Sampeyan Dalêm KGPAA Prabu Suryadilaga piyambak. Wah, nang ati rasane anglês, Kang Garèng, sauwise iki banjur dianakake bêksan bêdhayan. Cêkak aos jêmpol Kang Garèng.

[Grafik]

Kaya-kaya wis cukup anggonku gawe andharan kaanane pasamuwan ing Pakualaman. Murih cêthane ing kene tak wènèhi gambar sawatara, Kang Garèng. Kang kiwa: gambar dalêm Sampeyan Dalêm KGPAA Prabu Suryadilaga, mangagêm cara litnan kolonèl karo paduka tuwan gupêrnur sakalihan nyonyah. Ing têngên, paduka tuwan gupêrnur lèngsèng, ing kono uga katon Sampeyan Dalêm KGPAA Mangkunagara, tuwan gupêrnur ing Surakarta sakalihan nyonyah, sarta sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng sultan ing Ngayogya. Dene gambar ing ngisor bêksan bêdhayan.

--- 401 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Pangadilan kraton manggèn ing gêdhong enggal. Pangadilan kraton ing Ngayogyakarta sampun ambabar gêdhong enggal. Nalika pambikakipun dipun jênêngi ing para agêng tuwin pangarsaning pangadilan kraton darah dalêm. Pambikakipun dipun pangandikakakên dening Hoofddjaksa K.R.T. Nitiprojo kanthi sêsorah sawatawis, lajêng dipun sambêt ing donganipun abdi dalêm pangulu, wasana pambikak ingkang mawi upacara dipun pangandikakakên ing G.K.P.A. Mangkukusumo.

Pikantuking papriksan ing pulo Sêribu. Ingajêng sampun nate kawartosakên, ingkang bupati ing Bêtawi tuwin Asistèn Residhèn Van Haeften punapadene dhoktêr gupêrmèn papriksa ing pulo Sêribu. Mênggah pikantuking papriksan, têtiyang ingriku lajêng sami dipun sukani jampi minangka panulaking sêsakit, lajêng ngrêmbag ing bab lampahing padagangan ingriku. Mênggah panggaotan ingriku punika klapa tuwin ulam. Ing salêbêtipun taun punika pangupajiwanipun têtiyang ingriku pinanggih sae.

Pindhahan guru. Tuwan Kusên, kêpala guru ingkang kabantokakên wontên Kabupatèn Banyumas, dados kêpala guru vervolgschool ing Karangsari.

Pajagèn tumrap kapal ngamanca. Kapal Anna sampun bidhal saking Tanjungpriok dhatêng Makasar, pêrlu ngawontênakên pajagèn wontên sakiwatêngênipun Selebes, mriksa pas-pasipun kapal ngamanca. Kintên-kintên ing salêbêtipun wulan Mèi sampun wangsul dhatêng Tanjungpriok.

Opleiding Douane. Ing wêkdal punika Departement babagan Arta Praja badhe ngawontênakên punggawa Douane, kangge ambtenaar 22, kangge commies 25. Wusana pinanggihipun ingkang gadhah panyuwun wontên 1000. Tumrap ingkang katampèn, wiwit ing wêkasaning wulan April kawiwitan sinau dhatêng babagan ambtenaar pasinaonipun 2 taun, wontên ing Bêtawi, tumrap commies 1 1/2 taun wontên Surabaya.

Jamur mawa racun. Ing Kêbayoran, mêntas wontên tiyang 4 sami nandhang sakit jalaran mêntas nêdha jamur. Tiyang 4 pisan lajêng sami kabêkta dhatêng C.B.Z. kanthi sisaning têtêdhan.

Kapal kaji Alcinous. Kapal kaji Alcinous sampun dumugi ing Tanjungpriok ambêkta kaji 1400.

Panitipriksa rajakaya ing kapuloan Sunda Alit. Dr. C. Kunst Hoofd ing Bulgerlijke Veeartsenijkundige Dienst, sampun wangsul saking anggènipun nitipriksa kawontênaning rajakaya ing kapuloan Sunda Alit. Mênggah pikantukipun, rajakaya ing kapuloan ngriku punika gêsangipun sagêd walagang, wontên pangajêng-ajêng badhe sagêd majêng ing têmbe. Wêdalipun rajakaya saking ngriku dhatêng panggenan sanès namung sakêdhik, nanging kawontênanipun rajakaya botên kêkirangan.

Têtingalan kangge darma Tiongkok. Benjing dintên Sabtu tanggal 7 Mèi ngajêng punika kêmpalaning para stundet, inggih punika Tao Hsioh Sing Hui, Unitas Studiosorum Indonesiensis, St. Bellarminus, Christelijke Studentenvereeniging tuwin Indonesiansche Vrouwelijke Studentenvereeniging ing Bêtawi, sami badhe ngawontênakên têtingalan kangge amal, ingkang angsal-angsalanipun kangge darma kasangsaranipun para student ing Tiongkok. Ingkang badhe kapitongtonakên têtingalan warni-warni ingkang adamêl sêngsêm.

[Iklan]

Dr. Tumbelaka pènsiun. Dr. Tumbelaka, inspecteur griya-griya sakit ewah pakaryan kasarasan, wiwit benjing tanggal 30 April ngajêng punika badhe pènsiun, kanthi angsal pangalêmbana saking ingkang wajib.

Prangko kangge pèngêtan jumênêng nata. Hoofdbestuur pakaryan post ing Bandung martosakên bilih gadhah sêdya badhe ngêdalakên prangko minangka pèngêtan jumênêngan dalêm nata Sri Bagenda Maharaja Putri Wilhelmina mawi gambar dalêm sri bagendha. Prangko wau tumrap wontên tanah ngriki badhe kawêdalakên ingkang rêgi 2 sèn, 10 sèn, 15 sèn tuwin 20 sèn. Gambaripun dipun damêl wontên nagari Walandi.

Lisah pèt ingkang dipun angge satanah ngriki. Miturut cathêtan, wontênipun lisah pèt ingkang dipun angge wontên ing tanah ngriki ing taun 1937 wontên 7.263.000 ton. Kala ing taun 1936 wontên 6.386.926 ton.

Kuburan J.P. Coen. Ing wêkdal andhudhuk siti ing gudhang papan kuburanipun J.P. Coen ingkang katindakakên dening pakaryan babagan barang kina, pinanggih wontên barang-barang ingkang wigatos, awarni tugêlan-tugêlan sela kanthi sêsêratan, ing salajêngipun dados papriksan saha kakintên kenging kangge ancêr-ancêr kuburan ingkang dipun padosi.

Mêwahi punggawa pakaryan kasarasan. Ingajêng wontên wartos bilih pakaryan kasarasan badhe mêwahi punggawa. Nanging wêwahan wau gêgayutan kalihan kawontênan, namung badhe mêndhêt artsen tuwin juru ngupakara tiyang sakit bangsa Eropa kemawon.

Congres B.O.B. Wontên wartos pakêmpalan Bond van Ongegradueerd Boschpersoneel, inggih punika pakêmpalaning para Boscharchitect tuwin para Boschopzichter, badhe ngawontênakên congres manggèn wontên ing Ngayogya, dhawah wontên tanggal 15 dumugi 17 April ngajêng punika. Kajawi punika ugi badhe mèngêti adêgipun sampun 5 taun.

--- 402 ---

Saking nagari Walandi dhatêng tanah ngriki namung 48 jam. Miturut katrangan, ing salêbêtipun taun 1937 ing bab tumindaking lampah anggêgana saking nagari Walandi dhatêng tanah ngriki pinanggih sae. Nanging ing salêbêtipun taun punika katingal kirang sae. Kala ing taun 1937 angsal-angsalaning waragad saking tiyang ingkang sami numpak wontên f 1.800.000,-. Nanging manawi miturut saking rikating lampah ing dalêm kalih dintên kalih dalu sagêd dumugi, kintên-kintên badhe saya kathah ingkang numpak, saya tumrap ingkang sami perlop, tamtu rêmên migunakakên punika.

Nanggulangi babagan gugon-tuhon. Ing Cirêbon wontên pakêmpalan ingkang gadhah sêdya nanggulangi supados tiyang sampun kataman daya gugon-tuhon. Nanging sarêng sampun tumindak sawatawis dangunipun, lajêng botên dipun wigatosakên ing tiyang. Ewadene tumrap ingkang gadhah ada-ada wau taksih ngudi lajênging tindakipun kanthi dipun saranani ngawontênakên pitutur tuwin sanès-sanèsipun, malah wontên ingkang mawi ngêdalakên buku punapa.

Ama andhapan. Ing wêkdal punika têtiyang tani ing bawah Subang tuwin Kuningan sami susah jalaran tanêmanipun sami dipun têmpuh ing andhapan. Panêmpuhing andhapan wau mawi sarana ngrêrisak, botên ngêmungakên nêdha woh tuwin bonggolipun kemawon, dalah wit tuwin godhongipun inggih dipun mamah ngantos andadosakên pêjahipun. Ingriku wontên tiyang nama Muksim, saking gêmpunging manahipun lajêng ngawontênakên pajagèn wontên ing sabin. Muksim sarêng sumêrêp wontên andhapan dhatêng lajêng dipun êlokakên, nanging andhapan botên ajrih malah nêmpuh nujah saha lajêng ambrakot Muksim ngantos nandhang tatu rêkaos. Andhapan wau manawi dhatêng ngantos 20 botên ajrih dhatêng tiyang. Sarêng wontên lêlampahan makatên wau lajêng wontên tindak nyantosani, dipun pangagêngi dening asistèn wêdana ambêbêdhag andhapan, kêlampahan wontên andhapan 15 ingkang kenging dipun pêjahi.

Kapal pamisayan bangsa Jêpan kacêpêng malih. Sampun sawatawis dintên wontên kapal pamisayan ulam gadhahanipun bangsa Jêpan nuju mancing ulam wontên sacêlakipun pulo Sabtu, sacêlakipun pulo Sêribu, ingkang ing papan ngriku punika dados awisan, lajêng dipun cêpêng.

Assaineering ing Têgal. Gupêrnur Jawi Têngah mêntas rawuh papriksa dhatêng Têgal kanthi ingkang bupati tuwin asistèn residhèn ing Têgal, pêrlu nitipriksa ing bab tumindaking damêl assaineering.

Griya pangupakara tiyang sakit ewah ing Magêlang sampun kêbak. Griya pangupakara tiyang sakit ewah ing Magêlang, ing sapunika sampun kêbak isi tiyang 1400, punika kapetang sampun langkung 60. Mila ing sapunika wontên rancangan badhe ngêlar damêl gêdhong satunggal malih ingkang cêkap dipun ênggèni ing tiyang 100.

Badhe rawuhipun tamu agung ing Surakarta. Benjing tanggal 4 wulan April ngajêng punika Gupêrnur Jendral ing Australie, paduka Lord Gowrie badhe rawuh ing Surakarta. Miturut rancangan, ingkang mêthuk dhatêng station tuwan gupêrnur sakalihan nyonyah, B.K.P. Angabèi, pêpatih dalêm, B.K.P.H. Kusumayuda, tuwan-tuwan B.B. kitha sanyonyahipun, pangagêng militèr tuwin sanès-sanèsipun. Rawuhipun ing Balapan jam 9.36. dipun hurmati musik saking kraton, sarawuhipun ing station lajêng nitih pêthukan motor kagungan dalêm, dumugi kraton jam 9.45 dipun papag sampeyan dalêm Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana sakalihan Gusti Kangjêng Ratu Hemas. Sasampunipun lênggah satata lajêng dipun sugata bêksan badhaya srimpi. Jam 10.45 bidhal dhatêng Ngayogya nitih motor kagungan dalêm. Ingkang andhèrèk asistèn residhèn ing Surakarta.

[Iklan]

NAGARI WALANDI.

Santun ing ngupakara. Zuster Boonstra, ingkang anjagi saha ngupakara Putri Beatrix, ing sapunika sampun masrahakên dhatêng Jonkvrow S.C. Feith, minangka gêgêntosipun.

EROPA.

Pogokan ing Prancis. Ing pabrik citrun ing Prancis wontên punggawa ingkang mogok ngantos 18.000. Pogokan punika kakintên badhe tumular dhatêng sanès panggenan. Malah ugi kêlampahan sampun tumular dhatêng sanès panggenan. Wigatosing kajêngipun ingkang sami mogok, ing bab ngudi indhaking balanja. Ing salajêngipun badhe dipun dhatêngi ing pangagêng, nyêgah tindak ingkang kados makatên punika, saha pinanggihipun sagêd têntrêm botên nuwuhakên punapa-punapa.

Kasangsaran motor mabur. Motor mabur post ingkang anggêgana saking Casablanca dhatêng Toulouse, Prancis, jalaran saking kandêling pêdhut, lampahipun numbuk pucak rêdi ing sacêlakipun Canigou. Motor mabur wau risak saha lajêng kêbêsmi. Punggawanipun motor mabur wau 3, tiyang numpak 5 sami tiwas sadaya.

AMERIKA.

Nglintoni kapitunan. Pangagênging praja Mexico nêtêpakên mêndhêt gangsal prêsèning pamêdal tuwin pajêgipun lisah pèt, badhe kangge nglintoni kapitunanipun kongsi-kongsi ingkang papanipun dipun pêndhêt kangge pados lisah pèt.

ASIA.

Sambutanipun Jêpan. Jalaran saking indhaking rantaman militèr ing taun 1938-1939, Jêpan pêrlu ngindhaki rantaman waragad praja 6.628.052.000 yen. Dumuginipun sapunika sambutanipun Jêpan sampun wontên 11.892.498.000 yen. Dumugining taun 1939 sambutanipun Jêpan sagêd ugi ngantos dumugi 17.521.000.000 yen. Rekadayanipun para wajib badhe ngawontênakên sambêtan praja dhatêng para kabudidayan tuwin para dagang.

--- 403 ---

Wêwaosan

I Lêlampahanipun Sêtayor lan Dèwi Wasilisah.

62

Ing alun-alun sangajênging kadhatonipun Prabu Wladhimir ing satunggiling dintên kêbak kapal tumpakan, ingkang kathah sami kapal Arab ingkang sampun kasuwur ing saindênging bawana mênggahing saenipun. Kajawi punika ing alun-alun wau cacahing kareta ugi tanpa wicalan, ewasamantên tamu enggal ingkang dhatêng dèrèng wontên kèndêlipun. Awit ing kala punika ing kadhaton dipun wontênakên pahargyan agêng-agêngan sayêktos, cacahing tamu ingkang tinimbalan ing kadhaton langkung kathah katimbang ing pahargyan ingkang sampun-sampun. Botên ngêmungakên para pangeran, mantri bupati, para têtungguling prajurit tuwin para satriya kemawon, dalasan para artawan tuwin para sudagar mônca ugi kathah ingkang sami kasêdhahan. Sarêng para tamu sampun pêpak, sarta salajêngipun sampun kathah anggènipun sami ngombe inuman kêras, ingkang kathah lajêng sami ical ajrih tuwin rikuhipun, ing wusana satunggal-satunggalipun sami ngumukakên ing bab kalangkunganipun. Para prajurit sami nyariyosakên anggènipun anglurug pêrang dhatêng môncanagari, sarta kathahing mêngsah ingkang sampun dipun kawonakên. Para pangeran tuwin para bupati sami ngumukakên gêdhong-gêdhongipun ingkang sakalangkung èdi, tuwin sitinipun gadhuhan ingkang wiyar-wiyar. Para sudagar sami ngandharakên anggènipun sami anjajah ing môncanagari, nyumêrêpi kawontênan ingkang anèh-anèh sarta anggumunakên, punapadene nyariyosakên anggènipun anglêmpakakên rajakaya, ngantos dadosipun abôndha-bandhu kados ing samangke punika. Cêkakipun sadaya sami ngumukakên mênggahing kalangkunganipun piyambak-piyambak, ingkang adamêl saya ramening pasamuwan ngriku. Ngêmungakên tiyang satunggal nama Sêtayor, ingkang sadangunipun tansah kèndêl, botên purun ngombe utawi nêdha, kajawi namung thêngêr-thêngêr kemawon. Prabu Wladhimir nguningani tindaking tamunipun ingkang nganèh-anèhi punika, lajêng andangu makatên:

Sêtayor, geneya sira ora mangan lan ora ngombe. Luwih saya andadèkake gumun ingsun, dene sira ora milu-milu nyaritakake kaanane ing nagara mônca kang wus sira ambah, utawa sira ora nyaritakake mungguhing kasugihanira. Apa sira pancèn ora duwe dêdongengan apa-apa, kang pantês kanggo pangeram-eram ana ing kene.

Nampi dhawuh pangandikanipun sang prabu ingkang makatên wau, Sêtayor lajêng matur:

Dhuh gusti pêpundhèn kawula, punapa ingkang pantês kawula aturakên wontên ing ngarsa nata tuwin para tamu sadaya. Kawula botên sagêd ngaturakên kawontênanipun tiyang sêpuh kawula, awit pun bapa tuwin pun biyung sampun sami ngajal. Dene mênggahing kasugihan kawula, mila lêrês, sarana kasugihan kawula punika, kawula sagêd numbas kitha Kiyèph saisinipun pisan, nanging kados botên wontên gunanipun kawula ngaturakên ing bab punika wontên ing ngriki. Pancènipun makatên kawula inggih sagêd mamèrakên èdipènining pangangge kawula, ingkang saindênging praja Ruslan têmtu botên wontên ingkang ngungkuli, ewasamantên limrahipun namung kawula angge sapisan utawi kaping kalih, lajêng kawula pasrahakên dhatêng para sudagar, ingkang nyade lorodan pangangge kawula wau dhatêng para pangeran, mantri bupati ing Kiyèph ngriki. Nanging prêlunipun kemawon punapa kawula ngrêmbag ing bab punika. Dhuh, sang prabu, paduka sagêd nguningani piyambak wontênipun sêpatu ingkang kawula angge punika, awit saha saening sêpatu kados botên prêlu kawula aturakên, ewasamantên namung kawula angge sadintên utawi kalih dintên. Salajêngipun lajêng kawula lorodakên rencang kawula, sêpatu kawula punika limrahipun lajêng kasade dhatêng para pangeran tuwin para bupati ing ngriki. Kawontênan ingkang makatên punika, mênggahing pamanggih kawula, kados inggih botên wontên prêlunipun saupami kawula aturakên wontên ing pasamuwan punika. Kawula punika gadhah kapal kathah sangêt, lan mênggahing saenipun saindênging praja Ruslan botên wontên ingkang nyamèni. Dene kapal-kapal ingkang sampun botên kawula angge malih, limrahipun dening rencang kawula lajêng kasade dhatêng para pangeran tuwin para mantri bupati, malah ing gêdhogan kagungan nata piyambak, ugi kathah kapal-kapal tilas gadhahan kawula, ingkang sampun botên kawula kanggèkakên malih wau. Nanging ing ngriki kados inggih kirang utami nyariyosakên ing bab punika wau. Dene ingkang pantês kawula pamèrakên wontên ing pasamuwan ngriki, mêmungakênngêmungakên. satunggal, inggih punika semah kawula pun Wasilisah. Awit mênggahing semah kawula punika botên ngêmungakên ayu-ayuning wanita ing: Cèrnigop, inggih punika kitha padunungan kawula, nanging ing saindênging praja Ruslan ngriki botên wontên wanita ingkang ngungkuli mênggah endahing warninipun. Kajawi punika semah kawula wau pintêr lan waskitha, ingkang sagêd adamêl pangerang-erang dhatêng para pangeran tuwin para mantri bupati ngriki sadaya, malah sanadyan sang prabu piyambak, manawi sagêd abên ajêng kalihan semah kawula, tamtu sagêd kalampahan, namung manut miturut punapa pikajênganipun.

--- 404 ---

Aturipun Sêtayor ingkang makatên punika nuwuhakên nêpsunipun para tamu sadaya. Makatên ugi Prabu Wladhimir dukanipun tanpa upami, dene kaaturakên bilih têmtu namung badhe manut miturut kalihan pikajêngipun Wasilisah, semahipun Sêtayor wau. Amila sanalika punika sang prabu lajêng dhawuh sêrêng makatên:

He, prajurit ingsun, cêkêlên Sêtayor iki, lan tumuli lêbokna ing gêdhong pêtêng. Tutupên ana ing kono lawase nêm taun, awit ature bangêt anggone dêksura. Lan saiki ingsun kêpengin anêksèni kapriye anggone bojone Sêtayor agawe pangerang-erang marang para pangeran lan para mantri bupati kabèh, lan apa iya nyata yèn ingsun mung arêp manut miturut apa karêpe.

Prajurit sawatawis lajêng nyandhak Sêtayor, ingkang kasèrèt kalêbêtakên ing gêdhong pêtêng. Lan miturut dhawuhipun sang nata, wontên ing ngriku Sêtayor kêdah namung kaparingan nêdha roti garing tuwin ombèn-ombèn toya limrah.

Salêbêtipun punika Prabu Wladhimir angutus salah satunggiling têtunggul prajurit, kanthi ambêkta prajurit sawatawis, kadhawuhan tumuntên bidhal dhatêng ing kitha Cèrnigol, supados ambêskup sadaya barang darbèkipun Sêtayor, tuwin kadhawuhan angladosakên semahipun ing ngarsanipun sang prabu.

Ing wêkdal punika wara Wasilisah linggih wontên ing patamanan ingkang angubêngi griyanipun ingkang sakalangkung agêng tuwin sae wujudipun. Sang wanita tansah ngemut-emut dhatêng semahipun ingkang prajangji tumuntên badhe mantuk, nanging dumuginipun ing kala punika dèrèng katingal dhatêng. Dumadakan ing kala punika salah satunggal pangiringipun ingkang jalêr numpak kapal ujug-ujug lumêbêt ing patamanan ngriku, sarta lajêng nyariyosakên dhatêng bêndaranipun, bilih Sang Sêtayor saking dhawuhipun Prabu Wladhimir sampun kalêbêtakên ing gêdhong pêtêng minôngka paukumanipun anggèning sampun ngunjukakên atur ingkang kagalih sakalangkung dêksura tumrapipun sang nata. Mirêng wadulipun rencang ingkang makatên punika wau, wara Wasilisah enggal-enggal lumêbêt ing griyanipun, sarta lajêng amarentahi dhatêng rencangipun makatên:

He, batur-baturku kabèh, padha migatèkna parentahku iki kabèh. Kang kapisan, enggal-enggal saiki aku gundhulana, kang kapindho, agêm-agêmane bêndaramu kakung kang èdi dhewe gawanên mrene, lan kaping têlune, gamêlku enggal parentahên anglapaki jaranku sing bêcik lan sing bantêr dhewe.

Para rencangipun ingih lajêng enggal-enggal mituruti punapa pakèning bêndaranipun. Wontên ingkang anggundhuli bêndaranipun, wontên ingkang mêndhêtakên panganggenipun bêndara jalêr, wontên ingkang lajêng ngrencangi andadosiandandosi. bêndaranipun anggèning mangangge cara priya, dene rencang sanèsipun malih, wontên ingkang lumajêng nuju dhatêng gêdhogan, ngambali parentahing bêndaranipun dhatêng para pagundhal, supados enggala nglapaki kapal ingkang sae sarta bantêr piyambak wau. Ing papan ingkang suwaunipun sêpên nyênyêt sanalika lajêng rame daning têtiyang ingkang sami nindakakên parentahing bêndaranipun wau. Gamêl sawatawis nuntun kapaling bêndaranipun, ingkang agêng sarta sae, ingkang dipun pakèhi sarwi èdi tuwin pèni. Rencang sanès-sanèsipun malih, sami nglapaki kapalipun piyambak-piyambak prêlu badhe nguntabakên bêndaranipun. Sadaya wau lajêng sami ngêntosi wontên ing pakawisan ngajêng angêntosi bêndaranipun. Botên watawis dangu wara Wasilisah mêdal ing jawi mangangge cara jalêr. Sasampunipun milih ingkang dados pangiringipun kirang langkung tiyang kawan dasa, wara Wasilisah lajêng nyengklak kapalipun. Kanthi kairing ing tiyang kawan dasa wara Wasilisah, ingkang ing kala punika ngemba utusanipun Prabu Kaliyên, lajêng bidhal nuju dhatêng Kiyèph. Wontên satêngahing margi, dumadakan lajêng pinanggih kalihan prajurit utusanipun Prabu Wladhimir, ingkang kautus dhatêng ing Cèrnigop. Ing ngriku wara Wasilisah wicantên dhatêng têtungguling para prajurit saking praja Ruslan makatên: Kula punika utusanipun Sang Prabu Kaliyên, kadhawuhan sowan ing ngarsanipun Prabu Wladimir prêlu mundhut bulubêkti. Dene panjênêngan punika sintên, têka ambêkta prajurit samantên kathahipun.

Ingkang tinakenan amangsuli: Kula punika têtungguling prajurit utusanipun Prabu Wladhimir, kadhawuhan dhatêng ing Cèrnigop prêlu ambêskup barang darbèkipun Sêtayor, tuwin kadhawuhan nyêpêng semahipun.

Salah satunggal pangiringipun wara Wasilisah ing kala punika lajêng wicantên makatên:

Kula sadaya punika ugi kampir ing Cèrnigop. Lan wontên ing ngriku mirêng pawartos, bilih wara Wasilisah sarencangipun sadaya, sampun miruda dhatêng ing nagari Litowên.

Mirêng pawartos ingkang makatên punika, têtungguling prajurit sapangiringipun lajêng enggal-enggal wangsul dhatêng Kiyèp. Sarêng dumugi ing ngarsanipun Prabu Wladhimir, têtungguling prajurit wau botên namung ngaturakên ing bab mirudanipun wara Wasilisah, nanging ingkang prêlu ngaturakên badhe sowaning utusanipun Prabu Kaliyên ingkang botên watawis dangu malih têmtu dumugi ing kitha karajan wau. Badhe kasambêtan.

__________

Isinipun: Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana têdhak dhatêng kadhaton ing Dhèli, - Pètêr Martin Lampêl (Peter Martin Lampel), - Ngemba rekadayanipun Dr. L. Pasteur, - Kawontênan ing nJêrmanJêrman. kalihan Ostênrik, - Praja Pakualaman 125 taun, - Kabar warni-warni, - Wêwaosan, - Jagading wanita.

--- 53 ---

Nomêr 13, 30 Marêt 1938, taun III.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Rêbo.

Hakipun Wanita Winêngku Priya, Mamrih Rahayuning Jêjodhoan

Botên rumiyin botên sapunika, tiyang sêpuh badhe anjodhokakên anak punika, ingkang kaèsthi namung rahayunipun ing têmbe. Pintên-pintên ihtiyar lan sarat rukun ingkang sami katindakakên para sêpuh, inggih punika: aksara namaning lare jalêr èstri, wulan dintêning wêdalan sami dipun petangi ngantos anjalimêt, nalika pamacangipun (nakèkakên) mawi sanggan gêdhang ayu suruh ayu tindhih arta suwang saprapat. Sasampunipun dados pacangan, mawi paningsêt warni: sêsupe sêsêr, talèn jêne, sinjang truntum kêmbên sêmèn, trêkadhang mawi pêsingan sinjang lurik kangge êmbahipun lare. Anggènipun madosi dintêning paningkah, milih dintên sarta wulan ingkang sae, trêkadhang narèthèk takèn-takèn dhatêng para ahli petang bab punika. Yèn pamêthèkipun satunggal-tunggaling juru petang beda-beda, malah lajêng bingung.

[Grafik]

Biyang Marta Sleman

Dumugining tapuk damêl, pintên-pintên srana ingkang mamrih wilujênging pangantèn sabên dêlanggung prapatan, lêmah sangar kayu angkêr dipun sajèni, wilujêngan pating klênik mawarni-warni, sadaya wau namung mamrih rahayu. Kangge para sêpuh jaman samangke, anggènipun badhe anjodhokakên anak, sarana ngemba cara tanah kilenan, anak kapurih pados piyambak utawi tari-tinari piyambak, yèn sampun pacangan, tukar cincin kakengingakên têtêpangan rumiyin, trêkadhang sok kêlajêngên kakengingakên plêsir sakalihan wontên ing pasar malêm ing sapiturutipun. Badhe kasambêtan.

Biyang Marta Sleman.

--- 54 ---

Konggrès Pakêmpalan Sancayarini.

Pinanggihipun wontên ing jaman sapunika, kamajênganipun para wanita katingal saya ngangsêg, botên kantun kalihan kamajêngan sanèsipun.

[Grafik]

Parêpatan umum, pangrèh agêng Sancayarini ing gêdhong Sanaarsana.

Ing kitha Surakarta wontên pakêmpalananing wanita nèm sêpuh, ingkang kanamakakên: Sancayarini. Dumadosing pakêmpalan Sancayarini wau sakawit saking ajak-ajakanipun R.A. Sukirsa, guru kagungan dalêm pamulangan èstri Pamardiputri, ing kraton Surakarta. Kanthi rêkaos, wiwitanipun namung wontên warga 2 lajêng 5 dangu-dangu wontên warga 21, lajêng katata kados sacaraning pakêmpalan, kanamakakên: Dhamêskring. Awit saking kaprigêlanipun ingkang ajak-ajak wau adhêdhasar kasabaran tuwin sinaranan katlatosan, dumuginipun wulan Januari 1928 warganipun saya mindhak kathah, lajêng kasantunan nama Sancayarini wau, dumuginipun samangke, wilujêng botên kirang satunggal punapa. Mênggah ancasing pakêmpalan wau, anyupêkêtakên anggènipun pasadherekan, saha angudi kamajênganipun para putri, ngawontênakên pasinaon padamêlan tangan, olah-olah, sapanunggilanipun.

Dados dumuginipun sapunika, adêgipun pakêmpalan: Sancayarini sampun 10 taun. Awit saking punika pakêmpalan wau nalika kaping 11 dumugi 13 Marêt 1938 andamêl konggrès saha mèngêti Sancayarini umur 10 taun, mawi tèntunsêtèlêng astagina saha pahargyan sawatawis.

[Grafik]

Parêpatanipun para pangrèh agêng dalah pang-pangipun.

Kala 11 Marêt 1938 jam 4 sontên, ambikak [ambi...]

--- 55 ---

[...kak] tèntunsêtèlêng wontên ing Huiskoudschool Mardiwisma, dumugi tanggal 13 Marêt 1938.

Tanggal 12 Marêt 1938 damêl parêpatan pangrèh agêng dalah pang-pangipun manggèn ing sêkolahan H.I.S. Arjuna, kados kacêtha ing gambar punika. Sontênipun rêsèpsi manggèn ing Schouwburg Sanaarsana, mawi têtingalan sawatawis, sanajan jawah, ewadene ingkang angrawuhi kakung putri sakalangkung kathah, ingkang kathah para putri. Pasamuwan wau kabikak dening pangarsa enggal, Mevr. Sutadi, sasampunipun pangarsa mêdhar sabda gêgayutanipun kalihan wontênipun pahargyan, têtingalan tonil sêtêk saha têtingalan warni-warni kawiwitan, sadaya wau katindakakên dening lare-lare putranipun para warga. Dene sandiwaranipun mêndhêt lampahan, lairipun Dèwi Sawitri, isi pangajaran warni-warni tumrap para ibu. Sadaya têtingalan wau botên anguciwani, langkung-langkung golèkipun, ingkang katindakakên ing lare èstri umur ± 6 taun, adamêl gawoking ingkang sami amirsani. Enjingipun andamêl parêpatan umum, dumugi jam 1 sawêg bibaran. Minôngka panutuping konggrès dening Mevr. Sutadi. Wilujêng.

Pamuji kula mugi-mugi pakêmpalan wau adêgipun saya angrêmbaka, wilujêng, sampun kirang satunggal punapa. Amin.

Bok R. Atmasuharta.

Bab Olah-olah

Wedang Pokak

Jae gêbingan 1 wijikan, sêre 10 wit karajang sagodhongipun, kulit jêram pulut 1 ingkang alit, punika sadaya kaêpe ngantos garing. Kêmukus 1/2 cangkir cubung, cêngkèh 20 iji mêsoyi 2 nyari, jintên cêmêng 1/2 cangkir cubung, kapulaga 1 cangkir cubung, mrica 1 cangkir cubung, mungsi 1/2 cangkir cubung, adas 1/4 katos, ganthi 1/2 cangkir cubung, cabe 7 iji, manis jangan 2 jênthik, kayu lêgi 2 kilan, klêmbak 1 jêmpol,. pala 1 iji, pulasari 1/2 cangkir cubung, punika sadaya dipun pususi, lajêng dipumdipun. pepe ngantos garing, dipun campur sadaya kalihan jaenipun, lajêng kagorèng sangan. Ingkang atos dipun rumiyinakên, manawi sampun asrêp kabêbêg alus, nuntên dipun gorèng malih. Amrih kenging kasimpên dangu, lajêng dipun wadhahi ing lodhong katutup rapêt.

Manawi badhe ngadoni kadosdene andamêl wedang bubuk. Takêranipun sabên 1 sendhok tèh kagêm gangsal cangkir, dene gêndhis salêginipun.

Wedang punika kagêm angêt-angêt, punapa malih manawi môngsa rêndhêng ing tanah parêdèn. Manawi manut katêrangan ing nginggil namung cêkap wragad 23 sèn sampun kenging kagêm gangsal wulan.

Wedang Cêmowe

Mundhuta klapa ingkang cêkapan dipun oncèki lajêng kagêbing alit-alit, toya kagodhog lan gêndhis jawi samurwatipun kaparingan bonggol sêre sakêdhik. Manawi sampun umob gêbingan kalapa [ka...]

--- 56 ---

[...lapa] dipun cêmplungakên, kagodhog saumoban lajêng kaêntas.

Pangunjukipun mawi roti manis kairis alit-alit, utawi kêtan kawadhahan ing mangkok kaêsokan ing wedang wau.

Cucur (Kucur)

Glêpung uwos ingkang alus dipun ulèni mawi santên ingkang sampun kagodhog, lan gêndhis mangêt-mangêt ngantos 1/4 jam dangunipun (1/2 matêng), manawi sampun mulur, lajêng kaparingan santênipun wau malih, kakêbluk kados apêm, kaparingan santên malih ngantos kados jaladrèn srabi, lajêng kagorèng panggorèngipun ing wajan kuwung, lisahipun kapara kathah lan dipun bêntèri rumiyin. Anggènipun ngêntas mawi sujèn.

Apêm Cina (apêm cangkir)

Glêpung uwos kaulenan mawi tape tela utawi tape sêkul, utawi babon roti, lan gêndhis. Anggènipun ngulèni ngantos angêt (lumêr) utawi kacêprot ing lumpang. Manawi sampun kaparingan santên godhok sakêdhik, kakêbluk ingkang sangêt, lajêng kaparingan santên malih lan lôndha kulit durèn, kasaring kapêndhêt bêningipun, kakèndêlakên watawis 1/2 dintên, nuntên kawadhahan ing cithakan ingkang sampun dipun usar-usari lisah lajêng kalangsêng. Cithakanipun cangkir cubung utawi cangkir. Anggènipun anjaladrèni kados jaladrèn apêm. Badhe kasambêtan.

Suntariyati.

Sinjang Amerikan.

[Grafik]

Tamtunipun para maos sampun sagêd ngintên piyambak bilih namaning sinjang punika nama enggal. Punika pancèn nyata.

Dene nyatanipun, sinjang amerikan punika pêndhêtan jaman nalika enggal-enggalanipun ing ngriki wontên obin tègêl saking Eropah. Ing ngriku kathah sangêt wanguning (sêsêkaran) tègêl ingkang pèni-pèni, ing ngriku lajêng wontên ingkang katelad kadamêl sêratan, saha lajêng dipun namakakên amerikan.

Sinjang amerikan punika sadhasar latar cêmêng, kalêbêt bangsaning cêplok, kêgolong sinjang kêlêm, namung dipun rêmêni ing para sêpuh, anggènipun wantèg.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]